Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 10–16)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 10–16). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

10. Dhandhanggula

1. nulya malih sumambung ing wuri | sira Arya Surtayu jajarnya | Arya Ăntawirya rane | samya andêl gul-agul | bêbanthènge Mamênang nagri | nulya ing wurinira | wau kang sumambung | Arya Surtiaji rannya | jajar lawan Arya Bausastra tuwin | Sang Arya Surtayuda ||

2. iku kabèh gêgêdhuging jurit | sambêtira Arya Darmayuda | Arya Sarana wurine | nulya pra mantri agung | pêpak pêpêt ingkang [ing...]

--- 74 ---

[...kang] anangkil | kadya jaladri pasang | paseban balabur | ya ta sri iswara nabda | maring patih hèh wa patih paran warti | samêngko prajanira ||

3. ing Mamênang apa ta lêstari | kadi nalika swargi jêng rama | wadyaningsun sakabèhe | myang sagung para ratu | măncapraja paran samangkin | kya patih matur nêmbah | dhuh gusti sang prabu | ingkang binatharèng jagad | wadya tuwan tan wontên kang ewah gingsir | taksih têtêp sadaya ||

4. sayuk rukun rumêksaning nagri | datan pae lan duk rama tuwan | mring paduka sumungkême | tan wontên bedanipun | para nata ing măncanagri | taksih iyêg saeka- | praya anggêpipun | mring jêng paduka tan siwah | lan suwargi rama paduka sang aji | Sri Prabu Jayabaya ||

5. sang iswara myarsa turing patih | langkung suka sukur mring jawata | nulya malih andikane | dangu mring putranipun | Anglingdarma ing Mlawapati | hèh kulup Anglingdarma | paran [para...]

--- 75 ---

[...n] ing prajamu | Malawapati samangkya | lawan kabèh wong Yawastina kang kari | sisane kang wus sirna ||

6. mati dening kabalabak warih | matur nêmbah Radyan Anglingdarma | dhuh dewaji pangèstune | samangke praja ulun | Mlawapati wus têntrêm sami | dene wong Yawastina | sisane kang lampus | ngalih wismèng Mlawapatya | sang iswara suka kalane miyarsi | ture Dyan Anglingdarma ||

7. têmah suka sukur ing dewa di | tandya malih sri narendra nabda | kulup mungguh utamane | wong mêngku praja iku | saranane murih lêstari | dèn asih maring wadya | amot mêngku maklum | panganggêpe mring kawula | dipun kadi sudarma among ing siri | nanging dèn jêjêg sira ||

8. aywa nganggo pikir pilih kasih | tibaning pidana lan ganjaran | nora kêna mung saksire | kudu ngadil puniku | kawruhana lan dipun eling | wit tibane sihira | lan tibaning kukum | yèn tan mawa pangadilan |

--- 76 ---

bisa gawe tuwuhing ati saksêrik | kawula mring bandara ||

9. yèn kawula kèh ngandhut saksêrik | iku dadi wisaning prajanta | marga tali pikukuhe | ngalokro wudhar mawut | wadyanira minăngka tali | yèn tyase wus tan sêtya | maring ratunipun | mandar suka-parisuka | yèn prajane katêkan ing parangwèsthi | tarkadhang malik tingal ||

10. kabèh balik mring mungsuh ngiloni | paran marga yèn mangkono baya | tangèh manggiha arjane | Dyan Anglingdarma adhêku |[1] atur sêmbah dhuh paman aji | mugi amba sagêda | anglampahi sagung | dhawuh pangandika tuwan | duk samana kasaru aturing patih | dhuh gusti sri narendra ||

11. abdi paduka atur udani | rama tuwan Sri Mèrusupadma | rawuh ing ngriki samangke | arsa sowan pukulun | mangke kèndêl paglaran nganti | timbalan jêng paduka | sang prabu nabda rum | mara nuli aturana | paman aji iridên [i...]

--- 77 ---

[...ridên] minggah sitinggil | kya patih tur sandika ||

12. nêmbah lèngsèr saking ngarsa aji | tumrun maring pagêlaran panggya | lan nata yêksa ature | dhuh pukulun sang prabu | jêng paduka dipun aturi | dening putranta nata | minggah sitiluhur | dèn anti putra paduka | sang yaksendra gumujêng dènnya mangsuli | adhi patih sumăngga ||

13. saksana sang yaksa dipa kerid | laju minggah marang sitibêntar | Sri Jayamijaya age | jumênêng lênggahipun | angurmati wau kang prapti | wusnya jawaban asta | ingacaran sampun | Sri Mèrusupadma lênggah | ya ta Prabu Jayamijaya Kadhiri | umatur manêmbrama ||

14. paman aji rawuh ing Kadhiri | punapa ta sami karaharjan | kang tinilar apadene | dhêku sang nata diyu | pangèstune anak sang aji | ing lampah tan sangsaya | kongsi praptanipun | prajanta nagri Mamênang | dene prapta kula sowan anak aji | ing parlu kang

--- 78 ---

sapisan ||

15. ngaturakên ingkang pudyastuti | de paduka anak sri narendra | wus gumantya karatone | swargi jêng kaka prabu | mugi-mugi dipun lêstari | bawani ing bawana | binathara agung | lir nguni ingkang wus swarga | ping kalihe kula nglairkên tyas kingkin | lawan gêgêtun kula ||

16. duk kalane kula dèn timbali | mring ramanta badhe sedanira | dadak wontên pambêngane | kula lagya nandhang puh | dados botên sagêd sumiwi | satêmah katilapan | ing pamuksanipun | sapintên piduhung kula | botên pae lir tinilar yayah wibi | raosing manah kula ||

17. margi kula tan sagêd ngaturi | pangistawa pangatêr kasidan | mring kakang prabu muksane | nanging têmahan mupus | baya sampun karsèng dewadi | kula tan mêningana | mring kaka sang prabu | kondure mring têpêt loka | têmah rêrêm ing driya tan walangati | mung kantun tyas rudita ||

18. ngraosakên [ngra...]

--- 79 ---

[...osakên] anggèn kula sakit | ri wusing waluya paripurna | kusung-kusung gatosake | sowan mring anak prabu | Sri Mamênang dhêku mangsuli | dhuh paman sri narendra | kula sangêt nuwun | sih marmanta mring kawula | botên langkung linanggêngna ing salami | jêng paman asihira ||

19. sampun bineda lawan duk nguni | raka tuwan swargi kangjêng rama | yaksendra suka galihe | nabda gumujêng guguk | anak prabu ywa wancak galih | kados rumêngkuh kula | tan wontên lènipun | lan nguni rama paduka | kakang prabu kang wus manjing têpêt suci | tyas kula tan prabeda ||

20. wusnyantara sri narendra kalih | dènnya sami wawan pangandika | nulya katungka wêdale | kang pasugatan agung | gya bujana dhaharan sami | kalih sami sukanya | dhahar miwah minum | Sang Prabu Mèrusupadma | saking kasok jroning driya ngantos kengis | kèksi wêwadosira ||

21. dènnya

--- 80 ---

kasmaran mring Dyah Pramèsthi | sira Sang Prabu Jayamijaya | wus nyathêt sajro galihe | yèn rêksasa sang prabu | rawuhira ngandhut wêwadi | nanging sinamun samar | sinasap barukut | wusnya anutug bujana | sang yaksendra pamit kondur mring praja di | ing Ngimanimantaka ||

22. Sri Jayamijaya nabda manis | dhuh paman aji têka kasêsa | sawêg sapintên dangune | wontên Mamênang iku | kula ngraos dèrèng dumugi | onêng kula mring paman | sri yaksendra guguk | sanès candrama kewala | yêkti kula wangsul sowan anak aji | samangke kalilana ||

23. kula wangsul mring prajamba mangkin | anak prabu kantuna raharja | sakadang myang sagotrahe | Prabu Mamênang dhêku | inggih paman kula ngaturi | pamuji pudyastawa | raharjaning laku | nata yaksa gya tumêdhak | sapraptaning paglaran napak wiyati | lan Wil Maricikundha ||

24. ya ta sapungkurnya ditya aji | Sri Mamênang arum sabdanira | mring patih nihan [niha...]

--- 81 ---

[...n] dhawuhe | hèh wa patih wruhanmu | praptanira Mamênang nagri | Prabu Mèrusupadma | sasat ngêmu racun | mungguhing sariraningwang | marma mêngko wa patih dèn ngati-ati | lan padha rumantia ||

25. sikêping prang ywa pêpeka sami | matur nêmbah kya patih sandika | sang nata jêngkar nulya ge | malêbèng ing kadhatun | ingkang putra ing Mlawapati | sira Dyan Anglingdarma | mring nata tumutur | manjing jroning dhatulaya | kunêng ingkang kari ing paseban nênggih | Kya Patih Bayantara ||

26. dhawuh maring pra punggawa sami | dèn samêkta kapraboning yuda | lan prayitna sadinane | kalawan pêndhak dalu | pra punggawa agênti-gênti | anganglang gêgiliran | sajroning kadhatun | wit praptaning nata yaksa | ngêmu rasa-rasane kang tan sayogi | tumrap mring sri narendra ||

27. pra punggawa sadaya tur pêksi | gya bubaran mantuk sowang-sowang | mring wismane dhewe-dhewe [dhe...]

--- 82 ---

[...we-dhewe] | sigêg gênti winuwus | nênggih Kuthatanduran nagri | ingkang jumênêng nata | jêjulukirèku | Sang Prabu Kalisangara | ratu agung prawira sudibya sêkti | pilih tandhing ayuda ||

28. sugih wadya pêpilihan sami | pra punggawa nracak măndraguna | sadaya wus tatal nate | ya ta ri juga nuju | sri narendra miyos tinangkil | ingayap pra pawongan | badhaya lan manggung | nèng madyaning sitibêntar | pêpak sagung punggawa prameya mantri | balabar pasewakan ||

29. sang iswara lênggah dhampar rukmi | ingkang cakêt nèng ngarsa narendra | Patih Sarwana arane | jajarira alungguh | Risang Găndamadana Rêsi | wuri Arya Basama | jajar lan rinipun | sira Sang Arya Bisama | catur pisan samya dadya senapati | ngalaga suhing praja ||

30. nihan nabda wau sri bupati | hèh ta paman patih ngong miyarsa | pawarta lamun samangke | Mamênang anak prabu | katêkan ing mungsuh sinêkti | Prabu Mèrusupadma |

--- 83 ---

yaksendra puniku | praja Ngimanimantaka | duk ing nguni rêksasa raja puniki | wus manjing puruhita ||

31. lawan kakang prabu kang wus swargi | Jayabaya wus umanjing siswa | kya patih atur sêmbahe | dhuh gusti sang aprabu | lêrês dhawuh tuwan sayêkti | amba ugi miyarsa | lir sabda pukulun | ya ta Sri Kalisangara | jroning driya madêg kasuraning wèsthi | nêdya bêbantu ing prang ||

32. murinani ing putra sang aji | Jayamijaya Natèng Mamênang | nulya mring patih dhawuhe | hèh paman patih gupuh | samêktaa sikêping jurit | ingsun yun bantu ing prang | mring Mamênang iku | nanggulang praptaning mêngsah | padha ngadu yasa rok arêbut pati | lan Ditya Mèrusupadma |[2]|

33. wadyanira pratêlunên bêcik | kang saduman rumêksa nagara | rong duman sun gawa kabèh | de paman rêsi iku | akaria tunggu praja di | kya patih tur sandika | sigra adhêdhawuh | mring sagung wadya punggawa | kang pinatah dhèrèk nglurug mring sang aji [a...]

--- 84 ---

[...ji] | lan ingkang têngga praja ||

34. sakêdhap wus sadaya miranti | kapraboning yuda tan kuciwa | ri wusnya miranti kabèh | sang nata budhal gupuh | panganjuring lampah dhingini | nèng marga suka-suka | swaranya gumuruh | punggawane munggèng kuda | anindhihi pabarisannya pribadi | ngadhangkrang pinayungan ||

35. Risang Kalisangara Nêrpati | amungkasi nèng wingking priyăngga | nitih kuda janjan jêne | sinongsongan kuning byur | kyana patih tan kêna têbih | ugi wahana kuda | lampahe wus laju | mêdal saking jawi praja | kawuwusa gantya kang jinarwèng tulis | ing Ngimanimantaka ||

36. Sri Yaksendra Mèrusupadma Ji | sakondurnya sing nagri Mamênang | nuju Rêspati dinane | karsanira sang prabu | laju miyos lênggah tinangkil | siniwèng wadyakuswa | pêpak punggawa gung | kang munggèng ngarsa narendra | Kyana Patih Dhurandha datan atêbih | ing wuri pra bupatya ||

37. nulya sinambêtan para [pa...]

--- 85 ---

[...ra] mantri | ing paseban supênuh balabar | lir udadi rop esthane | ya ta sri yaksa prabu | saking sangêt kandhuhan kingkin | praptaning prajanira | tansah gandrung-gandrung | Dyah Pramèsthi kang katingal | ngantos supe yèn lagya siniwèng dasih | tansah gandrung asmara ||

38. tansah ngungrum lawan angrêrêmih | dhuh woding tyas kusumèng Mamênang | baya sira nora dimpe | yèn dasihira masku | kawisesa ing tyas wiyadi | linali saya nglela | citranta wong ayu | kayungyun lumêkêting tyas | baya mirah tan kacakra tan angimpi | agawe lara brăngta ||

39. sang yaksendra sajroning tinangkil | gung ngrêrêpi ngrêpa manuhara | kya patih susah atine | myang sagung punggawa gung | ayun atur pêpemut ajrih | ya ta Wil Marcikundha | myat lamun sang prabu | kalimput ing driya arda | sigra marêk ing ngarsendra tanpa wigih | umatur tur pranata ||

40. kadipundi paduka sang aji | dene [de...]

--- 86 ---

[...ne] tansah linglung kalêlêngan | tanpa wasana têmahe | lêhêng gusti dèn gupuh | amataha punggawa mantri | ingutus tur nawala | mring putranta Prabu | Jayamijaya Mamênang | anjêjawah sontên ngêbun-êbun enjing | mring kadange wanodya ||

41. kang pêparab sira Dyah Pramèsthi | têmbungipun dèn mêmalat driya | namung kewala tutupe | wontêna sênggrangipun | ya ta wau sri narapati | midhangêt ing turira | Marcikundha iku | sakala èngêt wentehan | gya nimbali juru citra kinèn nulis | mring Mamênang Sri Nata ||

11. Sinom

1. ya ta abdi juru citra | sakêdhap nulis wus dadi | munggèng ing nawala patra | nulya katur mring sang aji | kintaka dèn tingali | winaos sinuksmèng kalbu | wus cocog lan karsendra | tandya dèn tapak astani | gya linêmpit tinutup kang wilaparja ||

2. nulya dhawuh mring kya patya | mundhut kang punggawa katri | kang badhe mundhi nawala | punggawa tri majêng nuli | Ditya

--- 87 ---

Gruraswa ngarsi | kalih Gurandha trinipun | sira Ditya Ruksarda | tiga gêgêdhuging jurit | wus umarêk ing ngarsa sri yaksa dipa ||

3. tumungkul konjêm ing kisma | gya ngandika sang yaksa ji | hèh têlu bocah punggawa | sira padha ingsun tuding | aturna layang mami | mring Mamênang anak prabu | gatine kang pustaka | sun minta kadange putri | ringkêsane manira dhapur anglamar ||

4. marang kadange wanodya | kang aran Dèwi Pramèsthi | yèn karsaningsun tinulak | dhusthanên bae sang putri | dèn padha ngati-ati | dene sapungkurirèku | ingsun nungka budhalan | kêrigan sawadya mami | sun antèni sira nèng loring samodra ||

5. yèn pandhusthanira kêna | ngiras mêthuk mring sang putri | yèn lakunira katampan | têrus nglamar laku mami | marang prajèng Kadhiri | de yèn rong prakara iku | mêksa luput sadaya | ngong nêdya rêrêmpon jurit | ing Mamênang ngong rurah sarana [sa...]

--- 88 ---

[...rana] aprang ||

6. dadi mungguh lakuningwang | kêna uga dèn arani | untung kuntung mung sapisan | yèn mênang amboyong putri | yèn kalah mêsthi lalis | mapan ta wus jamakipun | ratu matyèng palagan | jalaran angrêbut putri | yèku pati-pati utamaning nata ||

7. lah uwis padha mangkata | sun jurungi pangastuti | punggawa tri tur sandika | nêmbah lèngsèr sing ngarsa ji | sapraptanirèng jawi | sarêng anggêgana muluk | lumakyèng antariksa | wus lêpas lampahe sami | sapungkuring caraka katri punggawa ||

8. Sang Prabu Mèrusupadma | nulya dhawuh mring kya patih | kinèn mêpak pradandanan | kaprabon sikêping jurit | kêrig wadya sanagri | saksana samêkta sampun | sri yaksendra gya budhal | cinêndhak lampahe prapti | lor samodra lêrêm karya pasanggrahan ||

9. wisma tarup wêwangunan | kamot sawadya prajurit | mêne gantya kang winarna | nênggih [nêng...]

--- 89 ---

[...gih] ing praja Kadhiri | Jayamijaya Aji | duk ing ari Soma nuju | nata miyos sewaka | pêpak kang samya sumiwi | datan pae lan ngadat nata sewaka ||

10. kang cakêt munggèng ing ngarsa | pulunannya sri bupati | sira Radyan Anglingdarma | lan Bayantara Kya Patih | sang nata dèrèng kongsi | imbal wacana kasaru | sowanira sang nata | Kalisangara Sang Aji | sri narendra ing praja Kuthatanduran ||

11. laju minggah sitibêntar | ingacaran lênggah nuli | Sang Prabu Jayamijaya | atur pambagya basuki | Sri Kalisangara Ji | dhêku lawan matur nuwun | dhuh anak prabu mila | pun paman enggal sumiwi | kanthi gugup bidhalan sawadyakuswa ||

12. margi saking mirêng warta | lamun ing Mamênang nagri | kadhatêngan parangmuka | Sri Mèrusupadma Aji | gidêring kang pawarti | kongsi dados sêkar wuwus | ujaring paribasan | murid dadya darubêksi | ana siswa dadya wisa myang rêncana ||

--- 90 ---

13. de lamun wartèku nyata | ulun sawadyakuswa di | dadosa têtawuring prang | nanggulang mring yaksa aji | Sri Jayamijaya Ji | maluyèng sabda lingipun | paman kados kewala | pawartos puniku yêkti | de paduka paman lan sawadyabala ||

14. kalayan eklasing driya | yun bêbantu ing ajurit | sangêt ing panuwun kula | sang nata gya dangu maring | Bayantara Kya Patih | wa patih paran wadyamu | apa ta wus samêkta | kaprabon sikêping jurit | matur nêmbah Kyana Patih Bayantara ||

15. dhuh gusti kang binathara | pra wadya punggawa sami | wus sami rumantos karya | sampun botên nguciwani | yèn wontên mêngsah prapti | sawanci-wanci tan gugup | tuwin kang sami nganglang | mring jro pura sabên ratri | gêgiliran punggawa tan wontên kêndhat ||

16. ya ta ature ki patya | mring nata dèrèng dumugi | kasaru gègèr ing jaba | sira Arya Srutiaji | pinatah mariksani [mariksa...]

--- 91 ---

[...ni] | lèngsèr saking sowanipun | praptaning pamurakan | ri wusnya trang nulya bali | ngaturakên yèn wontên caraka ditya ||

17. saking Ngimanimantaka | duta apangkat bupati | kalawan mundhi nawala | konjuk kangjêng sri bupati | sang nata ngandika ris | caraka iridên maju | marêk ing ngarsaningwang | nêmbah Arya Srutiaji | wangsul malih maring pasowanan jaba ||

18. wus panggih caraka ditya | ri saksana sampun kerid | minggah maring sitibêntar | Ditya Kruraswara ngarsi | wus munggèng ngarsa aji | manêmbah sarwi tumungkul | nihan ing aturira | dhuh gusti nataning bumi | sowan amba ingutus rama paduka ||

19. Sang Prabu Mèrusupadma | Ngimanimantaka nagri | sapisan ulun dinuta | ngaturakên pudyastuti | konjuk paduka aji | dene kaping kalihipun | ngaturkên kang nawala | Sri Jayamijaya Aji | manggut paring sasmita mring kyana patya ||

20. kang sêrat kinèn nampia | tanggap risang nindyamantri | pustaka

--- 92 ---

sampun tinampan | laju konjuk sri bupati | binuka kanang tulis | winaos sinuksmèng kalbu | bêbukaning wilapa | Sri Mèrusupadma Aji | yaksa dipa praja Ngimanimantaka ||

21. narendra dibya sumbaga | măndraguna sura sakti | ri wusing atur pêpudya | maring jawata linuwih | dene kang kaping kalih | atur pangistawa ulun | katura mring paduka | anak prabu ing Kadhiri | kang kasusra sira Sri Jayamijaya ||

22. nata ambêk binathara | santa budya ulah niti | kang tyas paramartotama | asih sasamèng dumadi | awiyos anak aji | kalamun panujwèng kayun | tan wontên sababira | kadang paduka pawèstri | kang pêparab Sang Dyah Pramèsthi punika ||

23. kula êmonge priyăngga | ngadhatona ing jro puri | praja Ngimanimantaka | siniwakèng para putri | sanggyaning pra kênya di | myang isèn-isèn kadhatun | kagungannya sang rêtna | kula sadarmi ngêmbani |

--- 93 ---

mobah mosik atas karsaning kusuma ||

24. yèn anak prabu lêgawa | kula botên cipta krami | mung ngêmong raka paduka | lawan malih anglêluri | sih marmanta ing nguni | ramanta jêng kakang prabu | dhatêng ing jasat kula | rinêngkuh kadang sayêkti | pituture wus tan ngangge subasita ||

25. lir kadang sayayah rena | mila sêdyane tyas mami | sakadare yun maluya | putri têtilarirèki | kula tumut ngêmongi | mêmundhi lan anyênyuhun | muktia nèng jro pura | Ngimanimantaka nagri | mung samantên gaduging wêwalês kula ||

26. maring sih kadarmanira | ramanta ingkang wus swargi | kakang Prabu Jayabaya | owêl lamun anak aji | cukêng anggêgendholi | prajanta tan wande lêbur | atêmah karang jingga | e punika ambokbilih | anak prabu mêksa kukuh ngêkahana ||

27. titi raosing nawala | katandhan sri narapati | yaksendra Mèrusupadma | Ngimanimantaka [Ngimani...]

--- 94 ---

[...mantaka] nagri | ya ta Natèng Kadhiri | ri wusing pamaosipun | srat nguncalakên sigra | maring risang nindyamantri | gya winaos dening Patih Bayantara ||

28. sakêdhap wus paripurna | gantya pinaringkên maring | sira Radyan Anglingdarma | dupi srat winaos titi | jaja bang netya andik | padoning lathi kumêdut | sakala gya sêsumbar | wilapa sinêbit-sêbit | sri narendra ngrêrapu runtiking putra ||

29. hèh kulup aywa mangkana | kliru pratingkahirèki | datan pantês napsu sira | marang yaksendra puniki | wus jamaking aurip | anjaluk sarana nêmbung | bobot lawan panimbang | gumantung kang dèn jaluki | apa mulung apa ora manasuka ||

30. mung wajibing kang pinintan | awèh ora amangsuli | miturut cara kang lumrah | lan aja sok cêkak budi | ngumbar napsu tan bêcik | ngilangkên yitnaning kalbu | budi kang kabrangasan | gampang tibaning bilai | jêr tindake

--- 95 ---

sabarang tilar wêweka ||

31. èngêt Radyan Anglingdarma | sakala galihe lilih | myarsa sabdaning kang paman | sri narendra ing Kadhiri | dhêku sangêt dènnya jrih | mring kang paman sang aprabu | dahat piduhung ing tyas | tumungkul konjêm ing siti | nêmbah-nêmbah ngraos kasisipanira ||

32. ya ta Sri Jayamijaya | gya ngandika rum amanis | maring cundaka rêksasa | hèh duta sapa sirèki | apa ta pangkat mantri | apa patih myang tumênggung | lan mêngko gustinira | apa ta maksih nèng nagri | matur nêmbah duta Wil Kalakruraswa ||

33. gusti ramanta yaksendra | sampun linggar sing praja di | kêkuwu lèring samodra | ngantosi kawula gusti | dene ta wasta mami | Wil Kruraswa kang kasêbut | ing Ngimanimantaka | karsane ramanta aji | amba dipun wisudha pangkat bupatya ||

34. nata malih imbal sabda | kapasang yogya sayêkti | de sira pangkat punggawa | kang anggawa layang iki [i...]

--- 96 ---

[...ki] | dadya tan susah mami | nganthèni sêrat sul-angsul | wus pitaya ing sira | matura gustinirèki | lamun sêdya nglamar kadang ngong wanodya ||

35. dèn age nulia prapta | marang prajèngsun Kadhiri | abangêt sun arsa-arsa | mapan ta wus sun cawisi | banthèng andanu lagi | sêdhêng tumambirangipun | lawan nagri Mamênang | kaya nora nguciwani | kang mapakkên têkane ing ratunira ||

36. lah uwis duta muliha | mangkono wangsulan mami | aturna ing gustinira | ya ta wau sang duta wil | wus graita jro ngati | maring dhawuhnya sang prabu | yèn arsa mêthuk ing prang | duta sigra nyuwun pamit | wus kalilan mundur saking sitibêntar ||

37. praptèng jawi pasowanan | wil duta mêsat wiyati | ya ta Sri Jayamijaya | sapungkuring duta yaksi | ngandika maring patih | dèn sami prayitnèng kewuh | kalawan aywa kêndhat | sabên ratri anganglangi | jroning pura giliran bocah punggawa ||

38. tuwin padha rumantia | gêgaman [gêga...]

--- 97 ---

[...man] sikêping jurit | yèn têka samasa-masa | mungsuh Si Mèrupadma Ji | ywa nganti angowani | kya patih nêmbah umatur | sampun mirantos samya | kados botên nguciwani | katêmpuh ing bêbaya sampun samêkta ||

39. nata manggut sukèng driya | saksana jêngkar sang aji | malbèng jroning purantara | Dyan Anglingdarma umiring | kang kari păncaniti | kya patih lan punggawa gung | dalah sapanêkarnya | wus samya bubaran sami | sigêg gantya unduring caraka ditya ||

40. saking paseban Mamênang | anjujug maring wanadri | wus panggih lan dwi rowangnya | kang singidan ing wanadri | Ditya Kruraswa angling | nutur ing sasolahipun | purwa têkèng wêkasan | tan ana kliwatan siji | duk miyarsa rêksasa dwi rowangira ||

41. madêg kasuraning driya | nabda Wil Gurandha bêngis | lah ki raka yèn mangkana | wus pasthi dadining jurit | yogyanipun [yogyanipu...]

--- 98 ---

[...n] sang putri | dhinustha kewala sampun | Ruksarda nambung sabda | kula dahat nyuwawèni | mring rêmbage pun kakang Ditya Gurandha ||

42. manthuk Sang Ditya Kruraswa | pratăndha wus anyondhongi | wus golong katri punggawa | prasamya saeka kapti | wus wanci lingsir wêngi | katri ditya samya mumbul | napak ing jumantara | sakêdhap wus angungkuli | saluhure purendra mungkur sadaya ||

12. Pangkur

1. amatêk măntra sarana | ditya katri nèng saluhuring puri | sanalika pêtêng mêndhung | riris-riris wor barat | kilat thathit liwêran calèrèt barung | balêdhège sêsambêran | wong sapraja tyasnya tistis ||

2. dhêdhêp sirêp sabuwana | wong jro pura tan ana kang ngalisik | kênèng kamayaning diyu | wênèh wadya anganglang | sèndhèn wrêksa lawan mandhi gadanipun | ana sèndhèn pagêr bata | nendra dening sangêt arip ||

3. tăndha sirêpe tumama | ditya katri

--- 99 ---

samya mancala warni | rupa pêksi garudha gung | niyup saking gêgana | malbèng pura nginjên-injên kèhing pintu | sadaya kori jinajah | jro kaputrèn dèn dlajahi ||

4. kunêng tri ditya pandhustha | ingkang lagya mamèt srananing margi | gantia ingkang winuwus | ing dalêm kapatihan | Kyana Patih Bayantara duk ing dalu | tyasira gung tarataban | nendra tansah mêrêm mêlik ||

5. sigra madêg kyana patya | saking sangêt tan eca jroning galih | ngrasuk kaprabon prang pupuh | nulya tindak ki patya | manjing pura lan nyangking gandhewanipun | sapraptaning sitibêntar | tyasnya tambah kêtir-kêtir ||

6. wong saos tanpa sabawa | anggulasah kadi babatan pacing | swara têkak lawan tuhu | bênce munya gantêran | kyana patih galihe saya anggrêgut | kasusu-susu ing driya | dènnya yun malêbèng puri ||

7. sapraptanira jro pura | langkung nyênyêt tan ana wong kumlisik | saênggon-ênggon [saêng...]

--- 100 ---

[...gon-ênggon] kapranggul | wong ngorok sêsênggoran | saya kêncêng graitane galihipun | jro pura kalêbon dhustha | ngendrajala marasandi ||

8. ya ta punggawa kang nganglang | Arya Dipasruti lan Surtiaji | kalih samya tangi turu | ngungun aguragapan | ucêg-ucêg angucêg maripatipun | sinapa mring kyana patya | kapitèng tyas arya kalih ||

9. ngaturkên dalu punika | kadi kênèng wisaya dhustha sakti | dèrèng nate sajêgipun | nglampahi karyèng praja | nendra ngadêg lawan mandhi gadanipun | raosing maripat kadya | arip tan nendra sapta ri ||

10. lah suwawi kyai lurah | malbèng pura bokbilih wontên maling | manah kula tansah dhêg pyur | mirêng kolik sauran | nulya katri sami lumêbèng kadhatun | ing kradenayon jinajah | kang lêlindhuk dèn parani ||

11. tiga lampahe prayitna | ya ta dupi ana gêbyaring

--- 101 ---

thathit | cêlak kaputrèn kadulu | wontên tiga garudha | samya nginjên-injên kori kang tinutup | kagyat wau kyana patya | lawan para arya kalih ||

12. wus nyipta yèn duratmaka | kang mangendrajala amarasandi | pinarpêkan gupuh-gupuh | wau tri kang garudha | sigra anjog ing kisma paripurna wus | awarna jatining ditya | anggro tiga nrajang wani ||

13. tatag tadhah kyana patya | tandhing lawan Ditya Kruraswa nênggih | Ditya Gurandha anêmpuh | tandhing aprang kalawan | Arya Dipasruti rame dènnya campuh | sira Sang Ditya Ruksarda | tandhing prang lan Surtiaji ||

14. rame dêdrêg drêg-udrêgan | gênti unggul lawan gênti katitih | tigang rakit ingkang campuh | sami digdayanira | mila dangu tan ana kasor prangipun | wêkasan Ditya Gurandha | pêjah dening jinêmparing ||

15. tuwin Wil Kalaruksarda | prangnya kasor mêngsah lan Surtiaji | pinanah têmahan lampus [la...]

--- 102 ---

[...mpus] | namung Ditya Kruraswa | ingkang aprang lan kya patih tandhingipun | miyat dwi rowangnya pêjah | èngêt kalamun tinuding ||

16. yèn kongsi nêmahi lena | sapa ingkang tur warta maring gusti | marma Wil Kruraswa gupuh | oncat mêsat gêgana | kyana patih kari tyase ngunggut-unggut | saklangkung cuwaning driya | dene mêngsahnya ngendrani ||

17. tan dangu arya kalihnya | samya marêk maring gyannya ki patih | umatur yèn mêngsahipun | kalih sampun palastra | mantrimukya gantya sung pawartanipun | kalamun mêngsahnya gagal | mêsat gêgana ngoncati ||

18. tyas ingsun bangêt kacuwan | lah ta yayi bangke dênawa kalih | yogya singitna rumuhun | sesuk manira arsa | laju marêk sang nata malbèng kadhatun | ngaturke latri punika | lêlakon kang dèn lakoni ||

19. kêkalih kang para arya | samya dhêku kalangkung nayogyani | mring kya patih rêmbagipun | kawuwusa

--- 103 ---

praptenjang | nindyamantri manjing pura gupuh-gupuh | wus marêk ngarsèng narendra | sang nata ngandika aris ||

20. hèh wa patih paran karya | esuk-esuk sira umanjing puri | kyana patih nêmbah matur | ngaturkên solahira | kang linakyan rikalanira ing dalu | purwa madya lan wasana | sadaya wus katur sami ||

21. sang nata maluyèng sabda | buta ngêndi kang padha marasandi | Patih Bayantara matur | ing Ngimanimantaka | margi ditya ingkang tandhing prang lan ulun | ingkang ngaturkên nawala | konjuk ing paduka aji ||

22. sri pamasa ing Mamênang | langkung ngungun mirêng aturing patih | wêkasan nulya dhêdhawuh | hèh wa patih dèn enggal | amêpaka wadyabala sikêp pupuh | kang saparo angkatêna | baris sajabaning nagri ||

23. têtindhihe pilihêna | pra punggawa kang samya wirèng jurit | lan ingkang pratamèng kewuh | tan wurung mungsuh ditya | nuli têka watak wantu băngsa diyu |

--- 104 ---

kya patih sandika mêdal | sapraptanira ing jawi ||

24. nulya prentah wadyabala | kinèn samya mêpak sawegèng jurit | saparo mangkat rumuhun | baris jawining kitha | têtindhihe barisan pinatah sampun | sira Arya Surtayuda | Arya Ăntawirya tuwin ||

25. Arya Surtayu trinira | Arya Darmayuda kalawan malih | Arya Sarana puniku | punggawa pêpilihan | wusnya sampat sadaya pangruktinipun | têngara bêndhene ngangkang | tăndha bêdholing kang baris ||

26. umung gumuruh swaranya | têtabuhan kêndhang gong gobar bèri | tinatap urut dêlanggung | nambahi gambirèng tyas | wadyabala kèh ngajap têmpuhing pupuh | pra punggawa nitih kuda | kang samya nindhihi baris ||

27. wus lêpas baris lampahnya | sigêg ingkang makuwon lèr pasisir | Sri Mèrusupadma Prabu | nuju siniwèng wadya | ambêlabar munggèng tarup kang winangun | kang munggèng ngarsa narendra [na...]

--- 105 ---

[...rendra] | Ditya Dhurandha Kya Patih ||

28. Mahraja Mèrusupadma | angandika maring rêkyana patih | bapa paran wartanipun | lakune dutaningwang | kang sun utus mring Mamênang têka dangu | durung ana ingkang prapta | manêmbah wau kya patih ||

29. bokbilih katri caraka | sawêg mamèt srana ecaning margi | rèh Mamênang kratonipun | tan kêni ginagampang | langkung gawat pae lan ratu lènipun | manthuk-manthuk sang yaksendra | kapadhan jroning panggalih ||

30. dèrèng dugi imbal sabda | ya ta kagyat kasaru ingkang prapti | Wil Kruraswa kang maniyup | anjog sing antariksa | dumarojog jujug ngajêngan sang prabu | têkane amung anggana | lan napase kêmpis-kêmpis ||

31. dhuh gusti jêng sri narendra | atur tiwas lampahipun kang abdi | sêrat paduka wus katur | mring nata ing Mamênang | duk binuka winaos satamatipun | maluya lawan [la...]

--- 106 ---

[...wan] ijêman | panglamar tuwan tinampik ||

32. yèn paduka ayun prapta | ngrabasèng prang sampun dèn sudhiyani | sêsêgah sanjata agung | kang botên damêl cuwa | dupi amba gusti wus tampi sul-angsul | undur kawula sarêmbag | kalawan kancamba katri ||

33. yun dhustha mring sang kusuma | wusnya golong tiga saeka kapti | nalika ing lingsir dalu | amba malbèng jro pura | lagya nitik panggenanipun sang ayu | kaprêgok punggawa nganglang | panggya katri sami katri ||

34. satêmah campuh ing yuda | langkung rame rok băndawala pati | gêntos asor gêntos unggul | dupi wadya Mamênang | prange kandhap nêdya mungkasi ing pupuh | pun Gurandha lan Ruksarda | kalih tiniban jêmparing ||

35. kalih pagas murdanira | ulun miyat kăncamba[3] dwi ngêmasi | èngêt kalamun ingutus | yèn amba têmah lena | sintên ingkang tur pawarta jêng pukulun | marma sakalamba oncat | mêsat gêgana [gê...]

--- 107 ---

[...gana] ngunduri ||

13. Durma

1. duk miyarsa grodha Sri Mèrusupadma | nulya undhang wadya krig | tilar pasanggrahan | kuwu lèring samodra | gumuruh wadya rasêksi | kêbut budhalan | maring prajèng Kadhiri ||

2. panganjuring lampah Kya Patih Dhurandha | sigêg lampahirèki | barisaning ditya | ya ta ganti kocapa | parawira ing Kadhiri | ing jawi praja | kang sampun pacak baris ||

3. duk miyarsa yèn mungsuh ditya wus budhal | saking lèring pasisir | samya tata-tata | miranti sawegèng prang | tan antara wus kapyarsi | swaraning surak | wadya wil wus nêkani ||

4. orêg obah barisan wadya Mamênang | tata-tata arakit | glar garudha nglayang | Arya Surtayu sirah | pakjawat[4] Surtayudèki | lan Ăntawirya | ing jaja ingkang dadi ||

5. Arya Darmayuda buntute kang dadya | Arya Sarana nênggih | wus dadya kang gêlar | pajêg tan kêna owah | ya ta barisan rasêksi |

--- 108 ---

sapraptanira | nêmpuh anunjang wani ||

6. tinadhahan dening prawira Mamênang | rame rok silih ungkih | kèh samya kabranan | mungsuh kalawan rowang | wasana wadya Kadhiri | kèh kamigilan | myat tandanging wadya wil ||

7. miris giris lumayu wadyèng Mamênang | samya ngungsi ing wuri | kagyat para arya | krodha mangsah ing rana | pêpulih risaking baris | arya lêlima | ngamuk tan ngetang pati ||

8. kinaroyok dening kang mungsuh rêksasa | dêdrêg arêbut pati | karoban ing mêngsah | punggawa para arya | nulya samya prang mungkasi | mênthang gandhewa | panah dalêdêg mijil ||

9. angudani jêmparing mring wadya ditya | akèh samya ngêmasi | sisaning kang pêjah | lumayu gundam-gundam | sagon-gon kênèng jêmparing | ngungsi ing wuntat | wurine kyana patih ||

10. krodha mangkrak sira Kya Patih Dhurandha | mangsah ing rana aglis | lan musthi candrasa | anggro sarwi sêsumbar | payo [pa...]

--- 109 ---

[...yo] kroyokên ing jurit | iki wrangkanya | Sri Mèrusupadma Ji ||

11. wong Mamênang aywa maju juga-juga | barênga angêmbuli | ya ta para arya | lêlima barêng mangsah | prang rame lawan ki patih | dangu tan ana | kasoran salah siji ||

12. ngantêp ing prang Rêkyana Patih Dhurandha | candrasanya pinusthi | sanggya para arya | kêni dening candrasa | sadaya nêmahi lalis | gègèr pra wadya | Mamênang duk ningali ||

13. têtindhihe sadaya sami pralaya | mawut angungsi urip | malbèng jroning kutha | ya ta sri yaksa dipa | miyat wadya ing Kadhiri | wus samya dhadhal | larut mirut prasami ||

14. gora sabda dhawuh mring rêkyana patya | hèh patih dipun aglis | kabèh wadyanira | angsêgna watês kutha | sandika wau ki patih | nulya parentah | wadya kinèn tumuli ||

15. abarisa nèng wangkit jawining kitha | sigra baris rasêksi | wus sami atata | lan karya panglêrêban | sakêdhap tarub [taru...]

--- 110 ---

[...b] wus dadi | jawining kitha | gênggêng baris wadya wil ||

16. sri narendra nulya dhawuh juru citra | kinèn akarya tulis | mring Natèng Mamênang | ingantêp kang pungkasan | apa nungkul apa jurit | sakêdhap dadya | sêrat katur sang aji ||

17. sawusira kaparingan tăndha asta | sigra mundhut bupati | kinèn nglampahêna | nawala katur marang | Jayamijaya Sang Aji | Natèng Mamênang | punggawa wus winêling ||

18. wusnya têlas dhawuhe sri yaksa Dipa | punggawa duta aglis | mêsat saking ngarsa- | nira sang ditya raja | malbèng jro kitha Kadhiri | sigêg lampahnya | dutanira yaksa ji ||

19. kunêng gantya winarna ing suralaya | sira Sang Hyang Pramèsthi | siniwèng jawata | nèng bale marcukundha | pêpak kang samya sumiwi | kang munggèng ngarsa | Sang Hyang Kanekasiwi ||

20. angandika Hyang Guru mring Hyang Naradha | hèh paran kakang rêsi | kang dadya prawita | praptaning gara-gara | panas minggah suranadi [surana...]

--- 111 ---

[...di] | căndradimuka | umob amolak-malik ||

21. Hyang Kanekaputra alon aturira | adhi guru puniki | mugi koningana | wontêning gara-gara | samangke prajèng Kadhiri | upaminira | latu murup mawêrdi ||

22. mangke sampun badhe wanci sirêpira | pulung drajading bumi | nata binathara | wus badhe oncatira | saking karaton Kadhiri | dene kang măngka | dadya panyirêp agni ||

23. nata ditya inggih pun Mèrusupadma | mangke sampun dhatêngi | nèng praja Mamênang | arame prang gêmpuran | Hyang Girinata nabda ris | lamun mangkana | suwawi kakang rêsi ||

24. mring Mamênang sami miyat kang samya prang | lan nukartèng sêsanti | pudya pangistawa | maring kang badhe tămpa | nugraha jumênêng aji | kang binathara | nèng marcapada mangkin ||

25. tur sandika sira Hyang Kanekaputra | Hyang Guru têdhak aglis | kathah pra jawata | ngiring Hyang Jagadnata [Jaga...]

--- 112 ---

[...dnata] | kang tindak maring Kadhiri | ganti kocapa | ing Mamênang praja di ||

26. Sang Aprabu Jayamijaya sineba | anèng ing păncaniti | lawan ingkang paman | Prabu Kalisangara | kang cêlak munggèng ing ngarsi | rêkyana patya | para punggawèng wuri ||

27. angandika Sang Prabu Jayamijaya | wa patih paran warti | ananing paprangan | patih matur manêmbah | wadya tuwan ingkang baris | ing jawi kitha | sampun têmpuh ing jurit ||

28. mung samangke dèrèng wontên wartosira | asor ungguling jurit | amba dèrèng angsal | wartos saking barisan | ya ta aturnya kya patih | maring sang nata | dèrèng ngantos dumugi ||

29. wus kasaru praptaning wadya tur priksa | yèn wadya kang ajurit | wontên jawi kitha | mêngsah wadya rêksasa | kasor mawut morat-marit | pra arya gangsal | kang măngka pramugari ||

30. gangsal pisan kasambut ing adilaga | samya nêmahi

--- 113 ---

lalis | mangkya pra punggawa | sasisaning palastra | mlajêng jroning kitha sami | wadya rêksasa | ngrarisak jêjarahi ||

31. wong padesan kuwur-kawur asar-saran | lumajêng ngungsi urip | Sri Mèrusupadma | samangke ngrampit kitha | ya ta wadya kang tur uning | dèrèng palêstha | katungka praptaning wil ||

32. dutanipun Sang Prabu Mèrusupadma | praptane mundhi tulis | katur sri narendra | Prabu Jayamijaya | sêrat wus katampan dening | rêkyana patya | gya konjuk mring sang aji ||

33. srat binuka winaos sinuksmèng driya | bêbukaning kang tulis | pèngêt sêrat kula | Prabu Mèrusupadma | ing Ngimanimantaka Ji | ingkang samangkya | sampun praptèng Kadhiri ||

34. masanggrahan pacak baris jawi kitha | wusing tur pudyastuti | katura paduka | anak prabu Mamênang | Sri Jayamijaya Aji | sasampunira | ingkang kadya puniki ||

35. wiyosipun [wiyosi...]

--- 114 ---

[...pun] kawula atur uninga | wadyanta kèh ngêmasi | tuwin karisakan | kasor prang dening ditya | pramila yèn anak aji | ngeman wadyanta | miwah risaking nagri ||

36. lan angowêl sangsaraning pra kawula | paringna Dyah Pramèsthi | lamun makatêna | rahayu kang pinanggya | têtêp paduka bawani | prajèng Mamênang | lulus amukti sari ||

37. nging yèn kêkah lumuh ing rèh karaharjan | lah eling dèn pakeling | prajanta satêmah | dumadya karang abang | titi suraosing tulis | Natèng Mamênang | dukanira tan sipi ||

38. nging sinamar sinamun ing samudana | nitya datan katawis | nulya angandika | Prabu Jayamijaya | duta muliha tumuli | sira matura | marang gustinirèki ||

39. sakarsane yèn arsa malêbèng kutha | wus ingsun sudhiyani | duta mundur sigra | mêsat napak gêgana | sakêdhap wus panggih gusti | matur manêmbah | sarèhira tinuding ||

40. purwa madya wasana katur sadaya [sa...]

--- 115 ---

[...daya] | tan ana ingkang cicir | Sri Mèrusupadma | langkung ing dukanira | sigra dhawuh mring kya patih | anggêcak kitha | lan ngrusak jêjarahi ||

41. ya ta wau Sri Mahaprabu Mamênang | sapungkuring duta wil | gya dhawuh mring patya | mêpak para punggawa | lawan samêkta ing jurit | sang nata arsa | miyos umagut jurit ||

42. tur sandika Kyana Patih Bayantara | sakêdhap wus miranti | tandya sri narendra | dhawuh budhalkên wadya | panganjur sri narapati | Kalisangara | sawadya andhingini ||

43. sinambungan dening Radyan Anglingdarma | nulya rêkyana patih | têtindhihing wadya | sang nata mugèng[5] wuntat | gumuruh swaraning baris | sapraptanira | jawi kitha tumuli ||

44. dèrèng kongsi tata-tata pabarisan | sêlak tinêmpuh wani | dening wadya ditya | aprange ngamuk nunjang | tadhah barisan Kadhiri | rame ing aprang | caruk wor silih ungkih ||

45. nging karsaning jawata ingkang winênang | nadyan riwuting jurit | tambuh mungsuh [mung...]

--- 116 ---

[...suh] rowang | prandene kang tandhingan | tan worsuh mêngsahirèki | para bupatya | prang panggih lan bupati ||

46. dene mantri samya mantri mêngsahira | tan ana liru tandhing | mangkana Dyan Arya | Dipasruti amêngsah | lan Ditya Kruraswa nênggih | langkung ramenya | lir pendah ngasmarani ||

14. Asmaradana

1. sira Arya Dipasruti | krodha amênthang gandhewa | Kruraswa sinipat age | kêni jangganira pagas | wadya ditya sasaran | lumayu ngungsi ing pungkur | Ditya Kuswaka umiyat ||

2. pêjahe Kruraswa nênggih | krura mangkrak gora sabda | umangsah ngrana ge-age | pinêthukakên ing yuda | Dyan Arya Bausastra | rame dènira prang caruk | Ditya Kuswaka anyandhak ||

3. candrasanira pinusthi | sira Arya Bausastra | tinalorong candrasane | pêjah dhêpani bantala | Ditya Kuswaka sumbar | payo wong Mamênang gupuh | sapa kang arsa palastra ||

4. papagêna [papa...]

--- 117 ---

[...gêna] tandang mami | Arya Surtiaji sigra | mangsah ing ranangga age | prang lawan Ditya Kuswaka | caruk rok liru papan | rame kang tandhing prang pupuh | dangu-dangu Wil Kuswaka ||

5. pinarjaya angêmasi | ya ta Wil Kaladusmala | miyat patine rowange | krodha mangsah ngundha dhêndha | Surtiaji dhinêndha | sapisan kewala rampung | Kya Patih Sarwana miyat ||

6. lamun Arya Surtiaji | lena kasambut ing aprang | umangsah mênthang langkape | sumiyut panah lumêpas | lumarap kadya kilat | nglanjak janggane kang mungsuh | Ditya Dusmala palastra ||

7. gumêbrug tiba ing siti | krodha Sang Ditya Purandha | mangsah musthi candrasane | Rêkyana Patih Sarwana | cinandrasa tan pasah | sing wulête kulitipun | nanging ambruk kantakarda ||

8. ginosongan kyana patih | gugup Dipasruti Arya | mangsah ing rana ge-age | lan musthi candrasanira | sira Ditya Purandha [Pura...]

--- 118 ---

[...ndha] | cinandrasa mung gumadul[6] | tan pasah nging tiba kontal ||

9. dhawah sawatawis têbih | gya wangsul dahat krodhanya | yun mangsuli ing mêngsahe | ananging wus kadhinginan | Kya Patih Bayantara | rikat mênthang larasipun | kacundhuk Ditya Purandha ||

10. pagas janggane ngêmasi | duka Sri Mèrusupadma | umyat katri punggawane | kang sami pêjah ing rana | sigra mênthang gandhewa | sanjata dibya barubul | makêthi matumpa-tumpa ||

11. naraca panah nibani | maring barisan Mamênang | pra wadya kathah kalonge | pêjah katiban sanjata | wadya lit karisakan | Dyan Anglingdarma andulu | risak ingkang wadyakuswa ||

12. bramantyanira tan sipi | sigra mênthang gandhewanya | mijil angin lesus gêdhe | nyapu jêmparinging mêngsah | tinundha kang gandhewa | pinênthang malih ambrubul | mêdal kang sanjata wantah ||

13. maèwu-èwu jêmparing | nibani wadya dênawa | prawira ditya kèh

--- 119 ---

gègèr | kodanan dening sanjata | akèh ingkang palastra | Ditya Surandha umagut | andêl Ngimanimantaka ||

14. mangsahe angundha bindi | Arya Dipasruti miyat | Ditya Surandha mangsahe | pinêthukakên ing rana | rame prang liru papan | dangu tan ana kasambut | ya ta Dipasruti Arya ||

15. srèpèt nulya narik kêris | sira Sang Ditya Surandha | pinarjaya ing jajane | têrus butul ing pungkuran | Ditya Surandha gêblag | dhawah ing siti gumêbrug | ya ta Sri Mèrusupadma ||

16. krodha kalane umèksi | pêjahe Ditya Surandha | mangsah ing paprangan age | wuru waringutên ing tyas | Prabu Mèrusupadma | nrajang mêngsah ngamuk punggung | sira Kya Patih Dhurandha ||

17. dhèrèk pangamuking gusti | wadya Kadhiri kèh pêjah | sungsun timbun ing bangkene | ya ta Sang Arya Basama | lawan Arya Bisama | ing Kuthatanduran iku | kalihe mangsah ing yuda ||

--- 120 ---

18. prasamya mênthang jêmparing | ambrubul saking gandhewa | tan ana kêndhat-kêndhate | pêtêng dhêdhêt ing awiyat | saking udan sanjata | Kya Patih Dhurandha gupuh | mêthukkên arya kalihnya ||

19. kyana patih jinêmparing | têguh tan ana tumama | Sri Mèrusupadma age | têtulung mring kyana patya | prang binut kalihira | yaksendra sigra musthi hru | ginêdhêg gandhewa mêdal ||

20. barubul kanang jêmparing | wong Kadhiri karusakan | kèh pêjah dening panahe | sira Sri Mèrusupadma | dalah Arya Basama | lan Bisama ugi lampus | prang lawan Patih Dhurandha ||

21. dene Arya Dipasruti | kasambut ing adilaga | wus tanpa kiwul aprange | pêjah dening nata yaksa | Prabu Kalisangara | dahat ing bramantyanipun | myat arya kalih pêjahnya ||

22. nulya nglêpaskên jêmparing | kumrusuk saking gandhewa | maèwu-èwu wêdale | sanjata têmpuh nèng wiyat |

--- 121 ---

lawan sanjatanira | Sri Mèrusupadma Prabu | suh sumyur hru kalihira ||

23. langkung ramening ajurit | aprang wiwit wanci enjang | ngantos mèh lingsir srêngenge | wadya Kadhiri mèh têlas | kantun Rêkyana Patya | Bayantara kalihipun | sira Ki Patih Sarwana ||

24. ing Kuthatanduran nagri | kalih samya mangsah yuda | nêdya pêpulih karêpe | sira Patih Bayantara | pinêthuk ing ayuda | mring Mèrusupadma Prabu | dene Ki Patih Sarwana ||

25. pinapak Dhurandha Patih | kang aprang ngêtog karosan | kadibyan sinuntak kabèh | dangu tan ana kasoran | wêkasan mantrimukya | ing Mamênang têmah lampus | sor prange lan yaksa dipa ||

26. dene Sarwana Kya Patih | ing praja Kuthatanduran | lan Patih Dhurandha prange | kasor katitih ing yuda | patih kalih pêjahnya | Sri Jayamijaya Prabu | umyat kalih kang pralena ||

27. anglês sajroning panggalih | nging nulwèngêt [nu...]

--- 122 ---

[...lwèngêt] nata dibya | tandya madêg kasurane | nêtêpi trahing utama | nata matyèng palagan | labuh risaking praja gung | myang kèhing wadya wus sirna ||

28. nulya mangsah sri bupati | musthi kang sanjata dibya | wus lumêpas jêmparinge | nanging panah pangabaran | awas Sri Mèrupadma | nguculkên panulakipun | kang sami hru pangabaran ||

29. pur pupug ingkang jêmparing | samya malêdug nèng wiyat | Sri Mamênang mênthang manèh | jêmparing ingkang sinipat | sira Patih Dhurandha | kacundhuk murdane rampung | Patih Dhurandha palastra ||

30. bramantya Mèrupadma Ji | gya mênthang gandhewanira | nguculakên sanjatane | pinapag panah panulak | rame panah-pinanah | kalih sami awasipun | dangu tan ana kasoran ||

31. prang panah wus tanpa kardi | krodha sira sang yaksendra | sigra musthi pusakane | yèku kang kunta baswara | Prabu Jayamijaya | kasliring

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 10–16): Citra 1 dari 2
Prabu Mèrusupadma. Prabu Jayaamijaya.

--- 123 ---

kêni kacundhuk | dening kang kunta baswara ||

32. Natèng Kadhiri ngêmasi | orêg bumi aru-ara | mêndhung pêpêt angin gêdhe | wor lan riris-riris manda | kilat thathit liwêran | sanalika lindhu agung | kèh wrêksa sol kapêrapal ||

33. yayah kang buwana gonjing | yèku ingkang gara-gara | nata sudibya sedane | ya ta Radyan Anglingdarma | langkung putêk ing driya | duk umyat ing sedanipun | kang paman Natèng Mamênang ||

34. wadya sakarine ngungsi | wurine Dyan Anglingdarma | Ki Lurah Capa Capine | gung bondhèti gustinira | lawan lara karuna | dhuh gusti măngga lumayu | lolos saking jroning praja ||

35. jêng ibu paduka katri | sami kabêktaa oncat | atandhing dede wawrate | ya ta Radyan Anglingdarma | dèrèng kongsi ngandika | kasaru ing rawuhipun | sira Hyang Kanekaputra ||

36. kang anjog saking wiyati | kagyat Radyan Anglingdarma | gurawalan nêmbah age [a...]

--- 124 ---

[...ge] | ing pada Rêsi Naradha | ya ta kang nêmbe prapta | gumujêng lan ngandika rum | kaki ywa maras tyasira ||

37. prapta ngong iki tinuding | maring Hyang Jagadpratingkah | ingsun kinèn maringake | pasopati kang sanjata | paringe Hyang Wisesa | Si Mèrusupadma iku | tan ana braja tumama ||

38. liyane ki pasopati | lah ta iki tampanana | nuli majua dèn age | papagna Mèrusupadma | sêlak malêbèng pura | jêmparing tinampèn sampun | Hyang Naradha nulya musna ||

39. rahadyan sajroning galih | sapêngkêring Hyang Naradha | tandya madêg kasurane | mêndhung riris awor barat | mirut sirêp atêrang | ing gêgana lir sinapu | paprangan katon sumilak ||

40. Dyan Anglingdarma tumuli | mangsah ing rana amapag | mring Mèrupadma pamuke | lan musthi ki pasopatya | pêparinging jawata | sri yaksendra tyasnya mangu | mulat ing Dyan Anglingdarma [Angling...]

--- 125 ---

[...darma] ||

41. ingkang mapagkên ing jurit | nata yaksa nir wêweka | nabda lan guguk gujênge | sarwi majêng têtayungan | andhadhap amêndhapan | lawan miwir sampuripun | lir garudha akirap lar ||

42. hèh ta Anglingdarma kaki | aywa nyulung lêbu wongwa | tuhunên tuturku kiye | lêhêng sira umadêga | ratu ing tanah Jawa | yêkti kèringan ing mungsuh | sawabe kadibyaningwang ||

43. marga sira putra mami | lah wis kaki payo enggal | ingsun iridên dèn age | panggihna lan ibunira | marang sajroning pura | aywa sira magut pupuh | nêdya malang mêgat marga ||

15. Mêgatruh

1. ya ta wau Dyan Anglingdarma duk ngrungu | mring sabdanira yaksa ji | kang lir pendah kadya ngungrum | mring kang ibu Dyah Pramèsthi | langkung dukane sang anom ||

2. ngunggut-unggut padoning lathi kumêdut | radyan tandya nabda wêngis | hèh Si Buta Kalakathung | tanpa ngrasa si

--- 126 ---

pênyakit | gagah agahan yun mondhong ||

3. putri ayu kogêgampang enak-enuk | iya kalakon sirèki | anggarwa mring ibuningsun | ananging yèn ingsun maksih | urip tangèh yèn kalakon ||

4. Mèrupadma myarsa ing panguwus-uwus | krodha netrane macicil | suraweyan astanipun | nabda hèh hèh bocah cilik | tan kêni dèn eman ing wong ||

5. si dodrohun sira bungah têkèng lampus | gya mangsah sira yaksa ji | Dyan Anglingdarma agupuh | mênthang langkap pasopati | sinidhikara ing batos ||

6. Sang Aprabu Mèrupadma duk andulu | mring radyan mênthang jêmparing | gumuyu lan manthuk-manthuk | payo uculna tumuli | ngong ungalne jajaningong ||

7. lan wiraga tandange sri yaksa prabu | èngêt mêngsah lare alit | sinambi lan awon nganggur | Dyan Anglingdarma nulya glis | mênthang

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Mèrusupadma, Mangkunagara IV, 1913, #1508 (Pupuh 10–16): Citra 2 dari 2
Prabu Mèrusupadma. Radèn Anglingdarma

--- 127 ---

jêmparing cumlorot ||

8. pasopati narajang ing jajanipun | yaksendra tan ngaping kalih | têrus praptèng gigiripun | gumêbrug dhawah ing siti | kuwanda musna tan katon ||

9. nulya dhatêng gara-gara riris mêndhung | jumêgur swarèng wiyati | dhèdhèt erawati wagyut | prabawa nata dibya di | kang seda madyèng palugon ||

10. sawatara riris mêndhung sampun mirut | kasaput dening kang angin | wadya wil sakantunipun | myat sedanira ing gusti | abipraya nêdya layon ||

11. anglabuhi ing ratune kang wus murut | nulya barêng angêbyuki | tandang pangamuke riwut | wus tan ana nêdya urip | Dyan Anglingdarma tumonton ||

12. garjitèng tyas mring wadya wil tekadipun | nêdya sulung lêbu agni | radyan tandya mênthang gupuh | sanjata ki pasopati | mrawasèng ditya kèh layon ||

13. têtumpêsan rêksasa alêbur

--- 128 ---

tumpur | sakarine ingkang lalis | ana ngungsi mring wana gung | wênèh ana nungkul aris | ya ta ingkang kacariyos ||

14. sira Sang Wil Maricikundha kang kantun | mangangên-angên ing ati | yèn ta lumawan ing kewuh | wus nyipta yèn tan kuwawi | marga panduganing batos ||

15. mêngsahipun kang yêkti janma linuhung | luwih sasamèng dumadi | yèn dudu janma linangkung | yêkti tan wignya nglunasi | ratuku sudibya kaot ||

16. parandene sawadyane têmah lêbur | nanging atase wak mami | yèn datan niyat alabuh | mring gusti kang wus ngêmasi | bangêt cacade wak ingong ||

17. dèn mulyakkên ing gusti salaminipun | tanpa wêwalês utami | ri wusnya Sang Kala Marcu- | kundha putus ing pamikir | mring gusti yun bela layon ||

18. mangsah ngrana sira Marcikundha muwus | lah payo belakna iki | sapa kang lumawan pupuh | dèn parêk kene ajurit | singa kasor mêsthi layon ||

19. Lurah Capa [Ca...]

--- 129 ---

[...pa] Capi awas dènnya dulu | angsahe Ditya Marici | kalih nulya barêng magut | mapag nêdya binut kalih | ya ta Wil Marici anon ||

20. cuwa tyase dene aprange pinêthuk | sami kalawija kalih | dupi nèng palagan campuh | sira Sang Ditya Marici | repot dene dèn but roro ||

21. dangu-dangu Wil Bajang kêni pinikut | dening Lurah Capa Capi | binănda dwi tanganipun | katur mring gustinirèki | rahadyan gya ngandika lon ||

22. hèh ta buta bajang priye ing karêpmu | apa mati apa urip | lamun sira kudu lampus | sayêkti ingsun turuti | padha mêngko mêsthi layon ||

23. dene lamun anjaluk urip sirèku | uga manira uripi | ya ta Ditya Kalamarcu- | kundha aturira aris | dhuh gusti sang prawira nom ||

24. tumrap ulun mung dhèrèk karsa pukulun | amargi [amar...]

--- 130 ---

[...gi] yèn amba milih | nyuwun supadi linampus | yêkti sakêdhap ngêmasi | yèn amba tan nyuwun layon ||

25. gèk punapa gusti ing wêwalês ulun | mring natamba kang wus lalis | mila sêdhêng-sêdhêngipun | mung dhèrèk karsanta gusti | makatên kang tamtu dados ||

26. ya ta wau rahadyan kalane ngrungu | paturan ingkang patitis | kakênan ing galihipun | Marcikundha dèn gêsangi | bandane nguculan gupoh ||

27. Marcikundha wusing luwar bandanipun | nulya nêmbah angabêkti | mring Dyan Anglingdarma iku | nulya radyan angaturi | maring kang eyang sang katong ||

28. Mahaprabu Kalisangara puniku | wus lênggah satata sami | dèrèng kongsi wawan wuwus | kasaru wau kang prapti | Hyang Guru sing wiyat anjog ||

29. ingiringkên dening Hyang Kanekasunu | tuwin para dewa sami | Dyan Anglingdarma andulu | rawuhira Hyang Pramèsthi | lan pra dewa sami anjog ||

30. gurawalan radyan nulya ngraup suku [su...]

--- 131 ---

[...ku] | Hyang Naradha nabda manis | hèh pra dewa para ratu | tuwin satriya bupati | kabèh ngèstrènana kang wong ||

31. yèn samêngko karsanira Sang Hyang Guru | Si Anglingdarma samangkin | winisudha dadya ratu | binathara tanah Jawi | bawani bawana kaot ||

32. ajêjuluk Prabu Anglingdarma iku | kadhaton Malawapati | sanggyaning kang tampi dhawuh | sêsarêngan matur pêksi | mêmuji rèh karahayon ||

33. lêstarine kang tampi sih jawata gung | têtêp dènnya ambawani | ngayomi kèhing tumuwuh | ya ta sang winisudhèng sih | anulya manêmbah gupoh ||

34. ngraup suku ngujung maring Sang Hyang Guru | lan mring Hyang Kanekasiwi | tuwin pra dewa sadarum | ingujungan gênti-gênti | ya ta Hyang Guru nabda lon ||

35. hèh ta Anglingdarma mêngko karsaningsun | kabèh ingkang para aji | pra satriya myang tumênggung | kang samya mati ing jurit | kang bakal wajib gumantos ||

--- 132 ---

36. ngong sêrahkên ing sira panjunjungipun | tatanên kalayan ngadil | Anglingdarma Sang Aprabu | matur sandika wotsari | badhe ngestokkên satudoh ||

37. Sang Hyang Guru ri wusing têlas kang dhawuh | gya kondur ngahyangan sami | pra jawata datan kantun | mêsat napak widik-widik | ya ta wau prabu anom ||

38. Anglingdarma nulya macak adhêdhawuh | misudha kang para ari | putra Jayamijayèku | ingkang sêpuh awêwangi | Dyan Jayamisena kaot ||

39. tinêtêpkên gumantos ing ramanipun | jumênêng Nata Kadhiri | pinaringan ajêjuluk | Prabu Jayamisenèki | nèng Mamênang akadhaton ||

40. arinipun pêparapira sang bagus | Dyan Jayakusuma nênggih | winisudha dadya ratu | Batanakawarsa nagri | jêjulukira sang katong ||

41. Mahaprabu Jayakusuma puniku | nanging namaning praja di | ingêlih praja Mataun | tiga Radèn Bathikmadrim | kaparêngira [ka...]

--- 133 ---

[...parêngira] sang katong ||

42. winisudha dadya wrangkane Sang Prabu | Anglingdarma Mlawapati | Dyan Wijanarka puniku | jinunjung pangkatnya dadi | pramodaning wadya katong ||

43. gangsalipun Radyan Sanjaya jinunjung | pangkat dadya senapati | Dyan Sunjaya nênêmipun | ugi winisudha dadi | senapatining pakewoh ||

44. namanipun ingêlih mangkya jêjuluk | Arya Mangunjaya nênggih | tuwin punggawa sadarum | tanapi kang para mantri | nguni kang matyèng palugon ||

45. wus ginantyan suta tanapi sadulur | wusnya paripurna sami | Anglingdarma Sang Aprabu | dènnya misudha ing dasih | gya nyarkara mring kadhaton ||

16. Dhandhanggula

1. sri narendra gya kondur mring puri | para ari tumutur sadaya | sapraptane jro pura ge | panggih lan para ibu | nata nulya laju ngabêkti | lan ari gantya-gantya | sawusira rampung | sang nata nulya carita | mring kang ibu ngaturkên solahing [solah...]

--- 134 ---

[...ing] jurit | tutur duk aprangira ||

2. ingkang paman Jayamijaya Ji | amêjahi Wil Kaladhurandha | Mèrupadma pêpatihe | ya ta sang yaksa prabu | miyat patihira ngêmasi | kalangkung krodhanira | gya umangsah pupuh | pinêthuk dening Kya Patya | Bayantara rame dènira ajurit | Bayantara palastra ||

3. jinêmparing dening sang yaksa ji | nulya jêng paman ngawaki yuda | ing aprang pinêthukake | lan Mèrupadma Prabu | langkung rame dènnya prang tandhing | tan ana kang kasoran | ya ta dangu-dangu | jêng paman kasliring kêna | dening kunta baswara têmah ngêmasi | amba dahat sungkawa ||

4. raosing tyas wus datan kadugi | tandhing aprang lan Mèrusupadma | jêr wus katon prawirane | ing tyas putêk kalangkung | dumadakan tan dangu prapti | Sang Hyang Kanekaputra | praptane dèn utus | maring Hyang Jagadpratingkah | maringakên sanjata ki pasopati | kangge mungkasi yuda [yu...]

--- 135 ---

[...da] ||

5. dhawuhipun Hyang Kanekasiwi | Mèrupadma atêguh wêntala | gêgaman sajagad kabèh | datan tumama iku | na liyane ki pasopati | wusnyamba pinaringan | sanjata linuhung | nulya mangsah ing ranangga | Mèrupadma saèstu palastra dening | pasopati punika ||

6. duk patine sang rêksasa aji | wadya ditya ing sakantunira | ambyuk belani ratune | lir sulung malbèng latu | têkadipun wadya rasêksi | nanging saèstu risak | saya kathah lampus | nutug kojahnya sang nata | maring para ibu-ibu wusnya titi | purwa praptèng wêkasan ||

7. datan ana kang kècèr sakêdhik | para ibu samya ngungun ing tyas | wasana suka galihe | mung pramèswari prabu | ing Mamênang langkung prihatin | mèngêt sedaning garwa | anulya dèn lipur | mring para ipe myang putra | sanalika lilih pinupus ing pasthi | pêpasthèn ngabathara ||

8. têmah suka mulat putra kalih [ka...]

--- 136 ---

[...lih] | sampun sami jumênêng narendra | mêngku praja dhewe-dhewe | ya ta wau Sang Prabu | Anglingdarma anèng jro puri | mangun langên drawina | samya dhahar kêmbul | lan para ibu sadaya | tuwin para ari kang nêmbe dadya ji | nutug aparisuka ||

9. ri wusira têntrêm sawatawis | anèng pura Sang Sri Anglingdarma | nulya dhawuh mring wadyane | kinèn samêkta gupuh | pradandanan kang saput pranti | karsanira narendra | nêdya nuntên kondur | mring praja Malawapatya | para ibu katri samya dèn boyongi | kondur mring Mlawapatya ||

10. ri wusing sampat ingkang pangrukti | kèhing bêbêktan saking Mamênang | wus tinata sadayane | sang nata nulya kêbut | budhal kondur mring Mlawapati | saha wadya sadaya | tan ana kang kantun | tuwin pra ibu têtiga | Sri Narendra Kuthatanduran umiring | marang ing Mlawapatya ||

11. suka-suka pra wadya gêng alit | urut marga tansah giyak-giyak [giyak-gi...]

--- 137 ---

[...yak] | datan kawarna lampahe | cinêndhak sampun rawuh | jroning kitha Malawapati | suka wong sanagara | gustinira rawuh | kondur saking mangun yuda | unggul ing prang wus jumênêng narapati | binathara ing jagad ||

12. ratu agung kèringan ing bumi | para nata tanah măncapraja | samya ngèdhêp sadayane | sanggya nguni kang têluk | mring Mamênang mangkya angalih | ngidhêp mring Mlawapatya | dadya ratu agung | sarawuhira sang nata | laju manjing pura lan pra ibu katri | Natèng Kuthatanduran ||

13. anèng praja ing Malawapati | pinisuka lan sawadyanira | andina-dina karamèn | andrawina anutug | wusnya dugi samadya sasi | Prabu Kalisangara | nulya pamit kondur | mring wayah Sri Anglingdarma | wus kalilan budhal kêbut sawadyèki | maring Kuthatanduran ||

14. tan winarna rêroncening margi | lampahe Prabu Kalisangara | saha wadya punggawane | kang maring prajanipun | ya

--- 138 ---

ta nagri Malawapati | sajumênêngnya nata | Anglingdarma Prabu | saklangkung tata raharja | kinèringan dening praja kanan kering | kèh nungkul tanpa aprang ||

15. saking kasor prabawaning aji | myang luhuring galih paramarta | bangkit mèt tyas sasamane | marmanta langkung suyut | pra narendra ing măncanagri | samya suka mêmitran | tanapi anungkul | têtêp ing karatonira | datan ana rêncana kang mêmalangi | tulus mukti wibawa ||

16. titi tamat dènira manulis | nuju măngsa ing kapitu awal | dintênipun Saptu Wage | Julungwangi kang wuku | ping nêmbêlas Mukaram sasi | Jimakir angkanira | sangkala pinetung | asta catur naga raja |[7] ingkang ngarang binatanga lamun bangkit | hara sintên kawula ||

 


Lebih satu suku kata: Dyan Anglingdarma dhêku. (kembali)
Lebih satu suku kata: lan Ditya Mèrupadma. (kembali)
kancamba. (kembali)
panjawat. (kembali)
munggèng. (kembali)
gumadhul. (kembali)
Tanggal: Saptu (Sêtu) Wage nêmbêlas (16) Mukaram (Sura) Jimakir: asta catur naga raja (AJ 1842). Tanggal Masehi: Sabtu 6 Januari 1912. (kembali)