Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 01-05)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 01-05). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
2. Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 06-11). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
Citra

M.N.IV.

Sêrat Pêthikan Saking Pakêm Ringgit Madya, Lampahan Sambêtipun: Wedhasiswaya. 1916. Inggih Punika Ingkang Dipun Wastani Lampahan Narpalaksita.

Anyariyosakên Sang Prabu Sariwahana lêlana sajawining kitha, kadhèrèkakên Patih Sunjaya tuwin Bagawan Wasusarma, tindakipun sang nata dalah ingkang dhèrèk, sami namur apindha: brahmana.

Yasan Dalêm Suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping IV. Ing nagari Surakarta.

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Pangkur

1. Sang Prabu Sariwahana | miyos saking jro pura dipun iring | radyan patih kalihipun | Bagawan Wasusarma | katrinira pindha brahmana sadarum | ya ta wau lampahira | wus mêdal saking praja di ||

2. wus lêpas ing lampahira | sri narendra lawan pandhèrèk kalih | dupi prapta ing wana gung | wetan dhusun Waita | wontên sima kêkalih sangêt gêngipun | sêmune galak aringas | dupi papagan sang aji ||

3. singa anggro gora-godha | mangsah nubruk mring katri kang lumaris | tanpa rêringa bêg lampus | ing ngriku sri narendra | lawan Patih Sunjaya myang katrinipun | Sang Bagawan Wasusarma | katri yitna anadhahi ||

4. maring kruraning sardula | kang sajuga mangsah nubruk sang aji | sang

--- 4 ---

nata prayitnèng kewuh | sigra amênthang laras | wus lumêpas jêmparingira sang prabu | kacundhuk sima palastra | kuwănda sirna tan kèksi ||

5. nulya sima kang sajuga | nêmpuh maring Sunjaya Radyan Patih | trangginas sang mantri ngayun | nyandhak gandhewa dibya | mênthang langkap jêmparing lumêpas mamprung | sima anggro lawan milar | wus kataman ing jêmparing ||

6. gumêbrug dhawah ing kisma | tan antara kuwandaning kesari | musna wus datan kadulu | ya ta sasirnanira | kuwandaning sardula kêkalihipun | tan antara wontên prapta | tiyang kaki-kaki kalih ||

7. mêndhak marêk ngarsèng nata | ciptaning tyas wau pun kaki-kaki | lah ta baya iku ratu | kang ngruwat raganingwang | jêr rupane beda lawan rowangipun | kawistarèng sêmunira | cahyane sumilak wêning ||

8. kocak-kocaking paningal | pamulune pasêmon ngatawisi | marma sanalika laju | kalih èsmu nalăngsa | nèng ngarsendra dahat dènira

--- 5 ---

tumungkul | yayah konjêm ing pratala | ya ta wau sri bupati ||

9. Sang Prabu Sariwahana | gya andangu maring janma kêkalih | nihan wau sabdanipun | hèh karo sira sapa | aranira miwah ing pinangkanipun | lawan paran kang sinêdya | kang dinangu matur aris ||

10. lan dhêku konjêm ing kisma | dhuhdhuh adhuh gusti jêng sri bupati | mugyamba kalilan munjuk | ing ngarsa jêng paduka | koningana gusti ing sajatosipun | kalih kang warni sardula | inggih kawula sayêkti ||

11. lawan sadhèrèk kawula | ingkang wontên wingking amba puniki | kang dados darunanipun | kawula warni sima | amba matur gusti ing ngarsa pukulun | nanging yèn panujyèng karsa | gusti kawula aturi ||

12. kèndêl ngiras lêlênggahan | wontên soring gurda mandera ngriki | ing mangke kawula munjuk | gancaraning carita | ing sakawit amba ing sakalihipun | lawan sadhèrèk kawula | prasamya dadya kesari

--- 6 ---

13. nanging makatên punika | namung bilih paduka jêng sang aji | saarju panggalih rujuk | myarsakkên ing carita | ingatase nguni lêlampahan ulun | Sang Prabu Sariwahana | lawan Sunjaya Dyan Patih ||

14. myang Bagawan Wasusarma | duk miyarsa mring ature wong kalih | sami suka galihipun | nulya satata lênggah | sadayane nèng ngandhaping mandera gung | sasampuning samya lênggah | ya ta janma kaki-kaki ||

15. miwiti matur sang nata | dhuh pukulun rêksakaning sabumi | amba punika saèstu | tiyang dhusun Waita | kang katingal saking ing ngriki puniku | Sang Prabu Sariwahana | nyambêti ngandika aris ||

16. hèh ta bapa Wasusarma | ingsun tanya prênahe ingkang dèsi | Waita ingkang kadulu | apa kulon myang wetan | êlor kidul ingsun iki têka bingung | nèng madyaning wanawasa | tan wrin prênah siji-siji ||

17. Sang Bagawan Wasusarma | tuwin Patih Sunjaya matur aris | dhuh anggèr

--- [0] ---

[Grafik]

Wisaya. Pusara.Prabu Sariwahana. Bagawan Wasusarma. Patih Sunjaya.

--- 7 ---

ingkang sinuhun | prayogi andangua | maring tiyang sêpuh kêkalih puniku | punika kang sampun paham | angambah ing wana ngriki ||

18. tandya sang nata ngandika | dangu maring tiyang dwi kaki-kaki | nihan sabdane sang prabu | hèh karo kaki tuwa | ingsun tanya ngêndi iku prênahipun | pênêre desa Waita | petunge saka ing ngriki ||

19. sabab sajatine ingwang | dahat bingung anèng têngah wanadri | tan wrin êlor lawan kidul | tanapi kulon wetan | janma sêpuh kêkalih sami umatur | dhuh gusti sêsotyaning rat | pêpakuning nuswa Jawi ||

20. mênggah gusti prênahira | lawan ingkang lêrês tuwan lênggahi | dhusun Waita puniku | kilèn lêrês prênahnya | sri narendra gumujêng duk myarsa atur | uwis kaki tyasku lêga | wruh keblat sawiji-wiji ||

21. muhung mêngko banjurêna | caritanta lêlakonira nguni | sandika kang tampi dhawuh | tandya matur sang nata | dhuh pukulun wasta kawula

--- 8 ---

saèstu | sampun karan pun Pusara | seda dhèrèk amba gusti ||

22. pun Wisaya namanira | de bukane kawula salah warni | warna sardula puniku | makatên purwanira | kănca amba tiyang Waita sadhusun | kang dadya pangupajiwa | lampah kadursilan sami ||

23. mandung nayap tuwin begal | botên wontên niyat sêdya sêsabin | sacara-caraning dhusun | kajawi amung tansah | ngampak ngoyok bêsmi griya lawan ngècu | nuju ing dintên sajuga | sakănca kawula sami ||

24. tiyang sadhusun Waita | sami myarsa pawarta kang patitis | yèn ing Rewataka gunung | bawah ing Dwarawatya | wontên juga pandhita ingkang palungguh | dhêdhepok sawêg enggalan | kawarti kalangkung sugih ||

25. wasta Bagawan Watrika | rencangipun namung lawan kang èstri | lan cantrik sajuga sêpuh | gunggung mung tigang jiwa | măngka kănca kawula tiyang sadhusun | cacah wontên kawan dasa | laju samya ekakapti ||

--- 9 ---

26. ngangkati dhatêng pratapan | Rewataka sakănca kawan dèsi | suka-suka jro lumaku | margi ciptaning driya | botên sande badhe angsal brana agung | karantên ingkang tinêba | mung tiyang tiga galindhing ||

27. wusananipun duk prapta | prênahipun ing Rewataka wukir | dèrèng ngantos sanggyanipun | nandukakên duskarta | sêlak kêni ing pangaribawanipun | Risang Bagawan Watrika | kănca amba kawan dèsi ||

28. sami nandhang kabingungan | datan ana kang wêruh keblat sami | êlèr kilèn wetan kidul | sampun datan uninga | myang ing arga Rewataka tan kadulu | sadaya wus katon wana | tambuh kang sinêdyèng kapti ||

29. nulya pêpuntoning driya | ayun mantuk maring wismane sami | ing dhusun Waita wau | nanging kănca sadaya | botên wontên kang uninga marganipun | saking putêking tyas samya | nunjang kêkajêngan sami ||

30. nanging linantur kewala | saparane tan wontên kang kinapti [ki...]

--- 10 ---

[...napti] | amung jroning ciptanipun | nênuwun mring jawata | dèn wêruhna prênah tuwin marginipun | maring dhusun ing Waita | ya ta kalane dumugi ||

31. sakănca ing madyèng wana | nulya panggih lawan janma satunggil | ingkang lagya mêndhêt kayu | nulya amba sakănca | amurugi amung nêdya minta tuduh | prênahing dhusun Waita | nanging janma wau dupi ||

32. mulat mring kănca kawula | kawan dasa têka lumayu gêndring | botên mawi tolèh pungkur | lan bêngok-bêngok sambat | tulung-tulung ana macan patang puluh | kajêng dènira ngupaya | satumpuk wus tan tinolih ||

33. sadaya sami tinilar | duk ing wau amba sawêg mangarti | lamun kăncamba sadarum | sami warni sardula | saya sangêt sungkawaning tyas margiyuh | saking nglalu jroning driya | sumêdya yun ngamuk sami ||

34. nanging dèrèng kalampahan | dumadakan wontên parmèng dewa di | gusti kawula sang prabu | Pandhawa saha wadya | acangkrama cêlak [cêla...]

--- 11 ---

[...k] ing Waita dhusun | umyat sima bayak-bayak | tandya sami jinêmparing ||

35. dening gusti Sang Arjuna | kănca ulun tri dasa astha kêni | têmah badhar ruwat sampun | saking warni sardula | wangsul warni manuswa lir waunipun | dèntên amba kalihira | lan sadhèrèk amba gusti ||

36. ingkang nama pun Wisaya | karantêne tan bangkit ruwat sami | saking duk nalikanipun | para nata Pandhawa | ngêmbat langkap dumadakan manah ulun | kalih lan sadhèrèk amba | èsmu maras jroning ati ||

37. jêmparing dèrèng dhumawah | ulun gêlap oncat manjing wanadri | kados sampun takdiripun | karsèng jawata mulya | amba datan sagêd ruwat duk rumuhun | têka mawi manah maras | têmah kadaut sapriki ||

38. sawêg wontên karsèng dewa | amaringi sih parimarma malih | ruwating cintraka ulun | margi sing jêng paduka | mila amba kalih sami matur nuwun | myang mêmuji pudyastawa | maring jawata [jawa...]

--- 12 ---

[...ta] linuwih ||

39. mugi sakarsa paduka | sinêmbadan dening Hyang Udyalati | kongsia turun-tumurun | tumêrah putra wayah | sasampuning makatên ing atur ulun | sadangunipun kawula | wontên ngarsa tuwan yêkti ||

40. têka wontên osiking tyas | kang nuwuhkên pangungun jroning ati | dèntênta liring pangungun | nalika jêng paduka | karsa ngruwat sakănca amba rumuhun | ingkang tigang dasa astha | ngantos praptaning samangkin ||

41. têka dèrèng katon wrêdha | maksih pajêg ajêg bagus taruni | dene kawula pukulun | wiwit kesah anêdya | duratmaka maring Rewataka gunung | nguni maksih sami mudha | praptaning ruwat samangkin ||

42. wangsul malih warni janma | têka sampun pikun akaki-kaki | punapa darunanipun | măngka pangraosing tyas | dèrèng lami kawula warni sima gung | praptaning ruwat punika | dene sampun kaki-kaki ||

43. mugi tuwan aparinga |

--- 13 ---

sêsêrêpan marmane ulun gusti | dene enggal-enggal sêpuh | pae lan jêng paduka | awèt mudha awèt brêgas tuwin bagus | ijap samantên punika | gusti têka tambah manis ||

2. Dhandhanggula

1. duk samana wau Sri Bupati | Yawastina Sri Sariwahana | lawan kalih pandhèrèke | Sang Wasusarma Wiku | myang Sang Arya Sunjaya Patih | rikalane miyarsa | maring aturipun | kalih kang nêmbe nirmala | langkung ngungun lan suka gumujêng sami | sang prabu lon ngandika ||

2. hèh Pusara lan Wisaya kalih | sajatine ing pitakonira | iku wus kliwat mangsane | limang karaton iku | wruhanira jêng eyang nguni | Nata Pandhawa ingkang | ngruwat sakancamu | macan têlung puluh astha | ing samêngko sanggyane wus muksa sami | sawadyabalanira ||

3. duk samana karaton ginanti | ingkang wayah Prabu Dipayana | banjur ginantyan putrane | Sri Yudayana Prabu | gya ginantyan [gi...]

--- 14 ---

[...nantyan] ing putra maning | Sang Prabu Gêndrayana | iku uwak ingsun | banjur ngalih kutha marang | ing Mamênang dene Yawastina nagri | ginantyan arinira ||

4. kang pêparap Sri Yudayaka Ji | kang jumênêng nata binathara | mêngku nuswa Jawa kabèh | yaiku ramaningsun | nanging kabèh mau wus sami | padha muksa sadaya | kari raganingsun | madêg Nata Yawastina | juluk ingsun Sri Sariwahana Aji | sawadyabalaningwang ||

5. karsèng dewa pinarêngkên maksih | karaharjan kongsi mêngko padha | lah samêngko ingsun gêntèn | nglairkên sarasèngsun | nalikane manira iki | miyarsa aturira | dahat ing pangungun | de sira karone padha | maksih sami ginanjar arja basuki | nanging ta kawruhana ||

6. mungguh umure kewan wanadri | kang kalumrah tan kêni sangsaya | tan winangên doh cêndhake | tarkadhang kalanipun | ana ingkang têmahan kongsi | patine ana ngurag | myang dadya lêlêmbut [lê...]

--- 15 ---

[...lêmbut] | dumadine pakênira | sadurunge ruwat saka salah warni | gonira awèt gêsang ||

7. kadidene sirantuk pêpanci | pêpancène umur gêsangira | lir sato kewan uripe | marmanta sira iku | praptèng mêngko maksih basuki | nanging wataraningwang | sanak sadulurmu | kang barakan lawan sira | malah-malah kiraku praptaning siwi | kang nèng dhusun Waita ||

8. baya kabèh wus padha ngêmasi | têlas wau sabdaning narendra | ya ta Pusara kalihe | Wisaya arinipun | nalikane samya miyarsi | dhawuh sabdaning nata | anglês jroning kalbu | samya tumêngèng akasa | sru karuna dahat karantaning ati | mring anak rabinira ||

9. ingkang samya tinilar ing nguni | mandung maring wukir Rewataka | kalih sarêng sêsambate | dhuh dewa jawata gung | kalingane samêngko iki | gusti Nata Pandhawa | sadaya wus murut | maring jaman kadewatan | dadi ingsun iki kêna dèn arani | klêbu wong

--- 16 ---

jaman kuna ||

10. wusnya Wisaya lan Pusarèki | sambat-sambat mring Nata Pandhawa | gya sambat anak rabine | lan anjrit amlasayun | dhuhdhuh anak myang rabi mami | dene karaya-raya | iya ênggon ingsun | ngupayakkên sandhang boga | kongsi ingsun karo padha anêmahi | papa cintraka dahat ||

11. datan lumrah sasamining janmi | salawase arupa sardula | kulinèng wana ênggone | samêngko ruwat ingsun | wêkasane sira wus sami | muksa sumêngkèng jaman | kadewatanipun | katuwone raganingwang | têka urip kari anggana pribadi | tanpa katrêsnaning tyas ||

12. yèn mangkono suka lila mami | anusula palastra kewala | kari urip tanpa gawe | sabab talining umur | kabungahan rantas wus tapis | janma ing marcapada | jênake kalamun | rinakêting kasênêngan | yèn bab iku wus tan ana kang nglabêti | urip măngsa krasana ||

--- 17 ---

13. wusing têlas sêsambate kalih | pun Pusara lawan pun Wisaya | tandya alon ing ature | maring wau sang prabu | amêmêla mêmalat ing sih | dhuh gusti sang minulya | kawula nênuwun | lilah badhe anusula | dhatêng anak rayat amba kang wus lalis | mantuk mring ariloka ||

14. nadyan kalêbêt dhasar yumani | sayêktine gusti ulun têmah | ya ta duk têlas ature | kêkalih mring sang prabu | pun Pusara Wisaya sami | kalih lajêng amuksa | sanalika wau | wus sirna tanpa karana | ya ta Prabu Sariwahana pituwin | Radyan Patih Sunjaya ||

15. lawan Risang Wasusarma Rêsi | langkung ngungun èsmu kagawokan | dènnya mriksani muksane | janma kêkalih wau | dene datan măntra ing warni | tiyang dhusun walaka | têka karya gumun | kamuksanira sampurna | wignya sarêng sami sanalika bangkit | ngukut pănca indriya ||

16. rasa-rumasa ginulung dadi | gumolonging [gumo...]

--- 18 ---

[...longing] rahsa cipta juga | sakêdhap sirna wandane | riwusnya katri ngungun | tandya wau sri narapati | Prabu Sariwahana | gya ngandika arum | mring Patih Arya Sunjaya | tuwin maring Risang Wasusarma Rêsi | hèh karo wruhanira ||

17. wus têtela titahing dewa di | datan kêna yèn kinayangapa | dèn ina sapêpadhane | dadi tan dupèh luhur | trahing wirya myang maratapi | mêsthi widagdèng guna | putusing pangawruh | kosokbaline wong sudra | trahing papa darah wijiling acêplik | iku durung karuwan ||

18. mêsthi bodho kaya kêbo sapi | rèh kanyatan iku Si Pusara | lawan Wisaya arine | iku wong desa kluthuk | têka gawe gawoking ati | Sang Wiku Wasusarma | lan sang mantri anung | sira Dyan Patih Sunjaya | samya dhêku kluhuran dhawuh narpati | ya ta wusnya watara ||

19. dènnya wawan sabda jêng sang aji | lawan kêkalih pandhèrèkira |

--- 19 ---

anulya sang nata age | sasmita tindak gupuh | amiwiti lumampah malih | Bagawan Wasusarma | lan patih tut pungkur | sang nata karênaning tyas | aningali asrining têgal myang sabin | kang samya kalangkungan ||

20. datanapi ingkang dèsi-dèsi | padhukuhan kang samya katingal | wênèh grombol kêkayone | kikising dhusun-dhusun | kathah sami pinagêr dêling | wismane umbul miwah | pra patingginipun | katon munggul tinêngêran | têngah jaro sinung gapuran sing dêling | wèh sêngsêm yèn winulat ||

21. lamun wanci surya tunggang wukir | sri kawuryan sanggyaning kaanan | gunung katon pating jlarèh | sêla-sêlaning rumput | ingkang kangge margining janmi | menggak-menggok luk-lukan | anglir bèkkung lurkung | kanan kering têtanêman | pantun gaga myang ron rêrumputan kèksi | ijo sing katêbihan ||

22. sri narendra kacaryaning galih | tanpa sayah kaslamur ing kathah [ka...]

--- 20 ---

[...thah] | kang kawuryan asri kabèh | yèn nuju wayah esuk | janma anglur marang ing sabin | lare-lare akathah | mêdal saking dhusun | angon rajakayanira | kêbo sapi dèn tut pangone nèng wuri | janma kang wrêdha-wrêdha ||

23. sikêp pacul nèng pundhak pinandhi | ingkang èstri wênèh mring tanduran | ana ingkang nuju panèn | sang nata suka dulu | mring kaanan kang dèn tingali | ya ta ing lampahira | wau sang aprabu | duk prapta ing prênahira | sakiduling dhusun Mantihanta nami | wanci siyang samana ||

24. bêntèripun bantêr sawatawis | sri narendra akraos kasatan | kèndêl soring kajêng surèn | sang nata ngandika rum | maring Wasusarma Sang Rêsi | hèh bapa ingsun minta | ing pitulungamu | sira ngupayaa tirta | nora ketang satètès jangjine wêning | karana raganingwang ||

25. krasa ngêlak labête lumaris | wayah awan panase gumêmplang | sang bagawan age-age [a...]

--- 21 ---

[...ge-age] | sandika pangkat sampun | gêgancangan dènnya lumaris | tumamèng jro padesan | kagyat duk andulu | sêpi datan ana wisma | jroning driya dahat pangunguning galih | myang ngudasmarèng cipta ||

26. kadiparan desa iki sêpi | nora ana wismane sajuga | yèn sun sawang kaanane | palakirnane pênuh | têka nora ana kang ngambil | dadya iki ing desa | wus lawas asuwung | dangu-dangu sang bagawan | aningali wisma sajuga amrêgil | lèr kilèn prênahira ||

27. tandya pinurugan dupi prapti | saya ngungun wau sang pujăngga | de tan ana sabawane | malah ing korinipun | katingalan kêkah kinunci | ingêrut pinusara | nulya sang awiku | miyarsa bawaning janma | watuk-watuk wontên salêbêting panti | Bagawan Wasusarma ||

28. sigra nguwuh-uwuh saking jawi | nanging datan wontên mangsulana | dèn ambali panguwuhe | winanti-wanti asru | mêksa datan [da...]

--- 22 ---

[...tan] ana mangsuli | sang bagawan jroning tyas | sayarda angungun | tandya wau sang pujăngga | anyakêti ing wisma lawan angintip | kaananing jro wisma ||

29. dipun incêng sing padoning panti | pagêr gêdhèg ana sarowongan | jro wisma katingal kabèh | sarta wontên kadulu | janma juga pitêkur linggih | nèng ngajênging krobongan | lir sila kadulu | nanging suku tan katingal | labêt dening barukut kinêmul jarit | de wujuding kang janma ||

30. sampun sangêt wrêdha dhapur ringkih | cahyèng muka wus sawang kunarpa | sang bagawan dahat wlase | tandya pusarèng pintu | inguculan saking ing jawi | ponang kori wus mênga | sang pujăngga laju | umanjing sajroning wisma | amrêpêki mring janma wrêdha kang linggih | Bagawan Wasusarma ||

31. dupi parêk satata gya linggih | lan têtanya lon wijiling sabda | dhuh kaki tuwa wiyose | lamun panujyèng kalbu | ingsun iki tanya sathithik | ya maring pakênira |

--- 23 ---

yèn ana luputku | sira sunga pangaksama | sajatine sira sapa kang kêkasih | lan apa krananira ||

32. sira mau ngong uwuh sing jawi | wanti-wanti ing panguwuh ingwang | sira mêksa kèndêl bae | enak-enak kêkêmul | wruhanira măngka sun iki | dutaning nata dibya | angupaya ranu | kinarya jampi kasatan | hèh ta kaki apa sira iku lagi | nandhang papa kasmala ||

33. lamun sira roga ingsun yêkti | bangkit lamun amaluyakêna | maring roganira kabèh | wit sira ayya tambuh | ingsun iki pandhita luwih | pandhita jroning praja | Yawastina iku | kang mumpuni liring guna | măndraguna waskitha ing agal rêmpit | dene kêkasih ingwang ||

34. pêparinge jêng sri narapati | Sang Bagawan Wasusarma măngka | Yawastina pujanggane | marma kaki dèn gupuh | pêpajara apa kang dadi | tlanjêring roganira | ngong jampèni gupuh | dimène nuli waluya | awit saking wêlas ingsun [ing...]

--- 24 ---

[...sun] aningali | marang ing warnanira ||

35. de wus tuwa winêwahan sakit | bokmanawa dinuluring dewa | ngong kuwasa mulyakake | maring roganta iku | ya ta risang kasmala nuli | ngungkap kêkêmulira | byak katingal sampun | wujuding kasmalanira | wiwit ngandhap pajalêran tigas pacing | nulya sinung sambêtan ||

36. kajêng ingkang ginatra kinardi | papak ramping saukuring sila | ing nginggil wêtah sipate | sang roga lon umatur | dhuh pukulun sang maharêsi | mugi kapirsanana | wosing sakit ulun | tan limrah sakiting kathah | mila dahat ing tyas rudita rudatin | manawi tan wontêna ||

37. asih parimarmane sang yogi | nyampurnakkên ing papa kasmala | yêkti salami-lamine | ngagak-agak kalalun | botên gêsang botên ngêmasi | sintên ingkang kuwawa | nandhang siksa agung | lêhêng cinupêt ing yitma | babarpisan samêndhang botên darbèni | masgul saksêrik ing tyas ||

--- 25 ---

38. Sang Bagawan Wasusarma dupi | aningali mring wujud mangkana | kagyat anjêngèk sabdane | adhuh lae dhuhadhuh | nora nyana pisan tyas mami | kalamun sakitira | cacat kang kadyèku | ngong sêngguh lara sawantah | kadiparan kaki purwanira nguni | sira kongsi mangkana ||

39. sang kasmala aturira ririh | dhuh sang wiku ingkang kinawasa | mugi dèn sabar galihe | mênggah karsa pukulun | yun andangu purwaning nguni | amba nandhang paparda | dèrèng sagêd matur | rèh paduka mangke lagya | dipun utus sang nata ngupados warih | măngka utamèng duta ||

40. sampun ngantos salah wèngwèng margi | sayogyane ngèsthia ing karya | barang kang dhinawuhake | dening gusti sang prabu | dadya datan sinêbut nami | duta asalah cipta | wondene pukulun | lamun wus lêbda ing karya | awangsula paduka tindak mariki | sayêkti tan kuciwa ||

41. padukarsa ayun nguningani | gancaraning lêlakyan kawula | purwa [pur...]

--- 26 ---

[...wa] madya wasanane | amba sayêkti matur | nanging tuwan kêdah nglampahi | ngupados we punika | pundhutan sang prabu | myang botên susah ngupaya | têbih-têbih wingking paduka sayêkti | sampun wontên punika ||

42. toya marta ingkang langkung wêning | kados pantês lamun dèn unjuka | kagyat sang wiku kalane | myarsa pangucapipun | sang kasmala tandya sang rêsi | nolih ing wuri miyat | kêndhi pratola gung | lambaran bokor kancana | langkung ngungun wau risang maharêsi | ciptaning jro wardaya ||

43. yèn mangkana si kaki kang sakit | wus tan pae pandhita utama | myang sinihan batharane | katăndha sabdanipun | samubarang kumêcap dadi | wêkasan Sang Bagawan | Wasusarma wau | jroning driya èsmu merang | dènnya kaluhuran sabdane sang yogi | gya gambuh pamit sigra ||

3. Gambuh

1. dhuh kaki kang linangkung | rèhning sira wus awèh pitulung | masung tirta nèng kêndhi pratola [pra...]

--- 27 ---

[...tola] adi | lambaran bokor mas murup | lilanana raganingong ||

2. mentar sing ngriki ayun | sowan ngarsane ingkang sinuhun | ngaturake pundhutane kanang warih | rèh wus dangu lakuningsun | sang roga dhêku kemawon ||

3. sasmita yèn jumurung | sang bagawan jroning tyas kalangkung | daya-daya prapta ngarsane sang aji | gya mêsat sang wiku gupuh | tan dangu wus praptèng êndon ||

4. ngarsanira sang prabu | ngaturakên lantingan puniku | Sang Aprabu Sariwahana ningali | langkung suka jroning kalbu | lantingan pinundhut gupoh ||

5. tantara gya dèn unjuk | sasampuning nata ngraos tuwuk | sakantune linorot sang nindyamantri | kalawan sang mahawiku | wusing mangkana sang katong ||

6. andangu purwanipun | sumarmane dene janma dhusun | andarbèni kêndhi pratăla linuwih | lambaran bokor mas murup | sang bagawan matur alon. ||

7. dhuh gusti sang sinuhun | walèh-walèh [walèh-...]

--- 28 ---

[...walèh] punapa pukulun | koningana kalamba ngupados warih | lumêbêt lêbêting dhusun | nanging suwung tan wontên wong ||

8. kawula langkung ngungun | kawistara gusti labêtipun | sampun dangu dènira tinilar janmi | katăndha sarang kadulu | woh-wohan sadaya katon ||

9. ambiyêt amantiyung | dhuwêt jambu kalak gowok pucung | manggis durèn pakèl pêlêm lan kuwèni | salak kokosan myang dhuku | krambil garing samya gogrog ||

10. bladêr saengga uwuh | botên wontên gusti ingkang ngundhuh | wisma-wisma rêsik tan wontên kaèksi | mung mrêgil wontên kadulu | griya lit katon wus bobrok ||

11. amba sayarda ngungun | amanoni kaananing wangun | sampun risak kori rinut saking jawi | ulun sapa wantu-wantu | satata janma mêrdhayoh ||

12. tan wontên kang sumaur | ulun gantêr mrih angsal sêsaur | nanging mêksa tita tan antuk taliti | nulyamba inteyun wêruh | isining [i...]

--- 29 ---

[...sining] jro wisma bobrok ||

13. ing ngriku saya ulun | ardèng driya deramba angungun | de jro wisma wontên sajuga kaèksi | janma kaki-kaki pikun | lungguh sangajênging krobong ||

14. lawan kêmul ngandhuruk | èsmu roga lungguhe anyingkruk | ulun sigra nguculi tangsuling kori | wus mênga amba malêbu | nyakêti dènira lunggoh ||

15. dangu awawan wuwus | purwa madya sadaya wus katur | kongsi antuk kêndhi pratăla kang adi | lambaran bokor mas murup | sanggya konjuk mring sang katong ||

16. ya ta wau sang prabu | amiyarsa atur kang kadyèku | lawan Patih Sunjaya ngungun ing galih | wêkasan tyasnya kayungyun | ayun uninga sang katong ||

17. malêbêt jroning dhusun | Mantihanta datan dangu sampun | bidhal tiga malêbêt sajroning dèsi | wus panggih lan janma sêpuh | satata sami alunggoh ||

18. sang nata gya andangu | mring sang roga purwane ing dangu |

--- 30 ---

dènnya kongsi nandhang kasmala kaswasih | lawan ingsun arsa wêruh | wujuding mala kang elok ||

19. ya ta ingkang dinangu | sang kasmala wus andugèng kalbu | yèn kang rawuh punika jêng sri bupati | ing Yawastina praja gung | katitik dènira anon ||

20. ingkang dhèrèk puniku | Sang Bagawan Wasusarma wau | nanging mêksa api-api tan udani | marmanta alon umatur | mring wau sang nêmbe rawoh ||

21. ngrarêpa mrih lumuntur | sih wilasa nihan dènnya matur | dhuhdhuh teja sulaksana nêmbe kèksi | ing wingking pundi dumunung | myang pundi sinêdyèng batos ||

22. lawan sintên sinêbut | asma tuwan kang wajib sinêbut | Sang Aprabu Sariwahana nabda ris | wruhanta yèn sira yun wruh | manira iki sang katong ||

23. kang akadhaton ingsun | praja Yawastina ingkang sampun | kontap dadya pêpakuning nuswa Jawi | dene ta jêjuluk ingsun | Sri Sariwahana Katong ||

24. marmane [mar...]

--- [0] ---

[Grafik]

Anggira.Prabu Sariwahana. Bagawan Wasusarma. Patih Sunjaya.

--- 31 ---

[...mane] ingsun rawuh | desa Mantihanta ayun wêruh | kaananta saking kerup ing pawarti | sojare pujangganingsun | Wiku Wasusarma mring ngong ||

25. ujêr sadangunipun | ngong lêlana midêr dhusun-dhusun | durungana kabèh kang ingsun manoni | kadya kaanan ta iku | sing sapa kang nora gawok ||

26. sabab nalika ingsun | praptèng kidul Mantihanta dhusun | dumadakan manira katoran warih | kasatan ngong arsa ngunjuk | anulya ingsun anudoh ||

27. maring pujangganingsun | Wasusarma kang kasêbut ngayun | tan antara antuk tirta langkung wêning | nèng kêndhi pratola agung | munggwing bokor mas kinaot ||

28. măngka ingsun antuk wruh | lamun pakênira anandhang puh | rèhne ingsun wus kapotangan kariyin | marma ing sabisanipun | kumudu malês sêdyèngong ||

29. ambokmanawa lamun | ana karsaning jawata ingsun | kinuwasakake bisa mitulungi | nyirnakkên [nyir...]

--- 32 ---

[...nakkên] roganta iku | marma kaki dipun gupoh ||

30. tuduhna kasmalamu | lan tutura purwakaning dangu | ya ta wau sang kasmala duk miyarsi | mring sabdanira sang prabu | dahat êntyarsaning batos ||

31. nulya sandika sampun | lan ngungkabi ing kêkêmulipun | wusnya katon lêlajêre ingkang sakit | sang kasmala tandya matur | nihan wijiling wiraos ||

32. dhuh gusti sang sinuhun | ingkang măngka sêsêmbahan ulun | lah punika warnaning kasmala kami | langkung kagyat sang aprabu | lawan dyan patih duk anon ||

33. anjêngêr èsmu ngungun | kèndêl jêtung kadya wong gêgêtun | sri narendra kèndêl sapangu tanpangling | ya ta sang kasmala wau | matur malih mring sang katong ||

34. dhuh gusti sang aprabu | mugi sampun duka jroning kalbu | bilih sampun dumugi tuwan ningali | nuntên badhe amba tutup | rogamba lamun kadangon ||

35. kenging angin sumrubut | raosipun sakit [saki...]

--- 33 ---

[...t] pating srênut | Sang Aprabu Sariwahana miyarsi | dahat wêlas galihipun | gya dhawuh sabdane alon ||

36. lah iya kaki gupuh | tutupana mundhak tambah rapuh | sang kasmala wusnya nutup kang sêsakit | nulya lon dènnya umatur | dhuh gusti kangjêng sang katong ||

37. lamun paduka ayun | nguningani mula-mulanipun | anggèn kula nandhang cintraka puniki | botên awrat èstunipun | amba ngaturkên sajatos ||

38. nanging sadèrèngipun | amba mêdhar lêlampahan ulun | punapa ta paduka gusti kadugi | minangkani ing panuwun | kawula dhatêng sang katong ||

39. mênggah panuwun ulun | yêkti botên damêl sudanipun | rajabrana kagungan jêng sri bupati | deyèn tuwan sampun sanggup | kawula nuntên cariyos ||

40. lakyan amba rumuhun | yêkti tuwan mangke tambah ngungun | saking dènnya elok alăngka kapati | sang nata miyarsa atur | langkung

--- 34 ---

kèwêdan ing batos ||

41. karantên galihipun | dahat dènnya kapengin sêdya yun | nguningani caritanira kang sakit | pinirit lan wujudipun | sayêkti satuhu elok ||

42. nanging lamun sang prabu | nyanggupana ing panuwun iku | ragi wontên sandeyanirèng panggalih | gèk-gèk ing panuwunipun | barang ingkang langkung elok ||

43. angèl ngupayanipun | yêkti lingsêm sang nata kalamun | kasanggupan datan wignya anêtêpi | marma jro panggalihipun | sang nata kalangkung keron ||

44. nanging rèhne sang prabu | dahat dènnya kapengin karungu | nguningani caritanira kang sakit | wêkasan sabdanya arum | wruhanta kaki samêngko ||

45. ingsun kaduga èstu | anyanggêmi apa panjalukmu | amung bae muga-muga jawata di | ngidènana ing panuwun | manira bisa kalakon ||

46. karya sukaning kalbu | pakênira kaki kang sun tuju | muga bisa kasambadan ing sakapti [saka...]

--- 35 ---

[...pti] | sabarang kang sira jaluk | jinurunga ring Hyang Manon ||

47. ya ta sang roga ngrungu | mring sabdane kangjêng sang aprabu | dahat dènnya suka sadalêming ati | wasana nulya umatur | mring nata nihan lingnya lon ||

48. dhuh gusti sang aprabu | ingkang măngka jêjimat satuhu | sampun lêga gusti raosing tyas mami | saugi tuwan wus sanggup | kawula wus prêdhèng batos ||

49. nanging kalakyanipun | cêkap ing wingking kewala sampun | kang rumiyin amba yun carita yêkti | jatining lêlakyan ulun | kang kumambang karsèng Manon ||

4. Maskumambang

1. lah suwawi citramba mirêngna gusti | duk ing jaman kina | nalika jamaning nguni | eyangta Nata Pandhawa ||

2. ulun dados gamêlipun sri bupati | nata ing Malawa | pun Anggira wasta mami | ya ta duk prang bratayuda ||

3. amba dhèrèk narendra ing Mlawapati | bantu băndayuda | maring Ngastina nagari | jujug anèng Kurusetra

--- 36 ---

4. gih punika panggenan anata baris | nata sèwupraja | pêpak samya yun ngadoni | rêrêmpon prang bratayuda ||

5. duk nêdhênge rame prang ulun nyêpêngi | titihaning nata | kuda botên dèn tumpaki | dilalah manggih cilaka ||

6. kuda ingkang kawula cêpêngi kenging | plêsating warastra | sakala kuda ngêmasi | jêmparing têrus naratas ||

7. angèngingi badan amba tigas pacing | ngandhap pajalêran | tugêl bêt kados pinalih | ulun wus ngraos palastra ||

8. ambruk kantu kawula dhêpani siti | parmaning jawata | kala samantên kang wajik | sagêd gêsang lir mulanya ||

9. gya lumajêng amba nekat anggandhuli | kêkapaning kuda | wajik sigra mêsat mijil | oncat saking Kurusetra ||

10. salajênge pun kuda sarêng dumugi | tanah padhusunan | wicantên kadi sujanmi | makatên wicaranira ||

11. hèh Anggira aywa sandeya ing ati | manuta kewala | ing ngêndi saparan [sa...]

--- 37 ---

[...paran] mami | besuk ingsun yêkti bisa ||

12. sung wêwalês maring sira ambêciki | amba duk miyarsa | maring wicantêning wajik | sakala kagyat ing driya ||

13. ulun lajêng pitakèn dhatêng pun wajik | mênggah namanira | margi ciptaning tyas mami | pun turăngga katitisan ||

14. dening janma kang pêjah sajroning jurit | wangsulaning kuda | pangucapipun patitis | hèh hèh wruhanta Anggira ||

15. ingsun iki Dhahyang Durna duk ing nguni | nuksma mring turăngga | ya tamba dupi miyarsi | maring suwantêning kuda ||

16. ulun èngêt maring suwantêning nguni | Rêsi Dhahyang Durna | tan mawi siwah sakêdhik | jêr ulun ragi kulina ||

17. lan Sang Wiku Sokalima datan pangling | sampun plêk punika | suwantêning kanang wajik | ya ta nguni plajêngira ||

18. ponang aswa praptèng Mantihanta ngriki | kuda malih ngucap | lah uwis Anggira nuli | ucula saking kêkapa ||

19. akaria manggon Mantihanta dèsi |

--- 38 ---

sawatara dina | yêkti ana wong kang prapti | ngupakara maring sira ||

20. dene ingsun arsa laju manggon maring | desa kang katingal | ing Soda araning dèsi | kidul iku kang katingal ||

21. salawase sira bakal dèn opèni | mring wong desa Soda | wit saka parentah mami | kawula mituhu têdah ||

22. lajêng kèndêl lêstari manggèn ing ngriki | pun turăngga sigra | laju mangidul lumaris | èstu dhatêng dhusun Soda ||

23. kalampahan dados panêmbahan wajik | langkung sinuyutan | sinungga pinundhi-pundhi | maring janma desa-desa ||

24. ing sakanan keringira Soda dèsi | misuwur kuncara | kathah janma samya prapti | nuwun idi warna-warna ||

25. wênèh nuwun wilujêngira sêsabin | nyuwun kasugihan | prawan nyuwun gêlis laki | ana nyuwun minggah pangkat ||

26. kathah ingkang katurutan ing sakapti | mila saya kontap | sira panêmbahan wajik | ngantos pra

--- 39 ---

janma padesan ||

27. sami supe pangidhêpe mring nagari | pilaur manêmbah | dhumatêng sang wiku wajik | dupi ing antara dina ||

28. wontên tandhanipun pamalêsingkang sih | kuda mring kawula | sabên dintên tiyang prapti | dhatêng dhusun Mantihanta ||

29. anyaèni dhatêng badan amba gusti | wontên manci têdha | wontên ingkang anyandhangi | wontên ugi kabêbahan ||

30. andadosi[1] karisakaning kang panti | isining jro griya | gusti ugi dèn prantosi | dalah ingkang ngupakara ||

31. anyarumbung suku kawula kêkalih | tiyang dhusun Soda | sadaya ulun takèni | sintên ta ingkang parentah ||

32. angopèni mring badan kula puniki | wangsulane samya | angakên dipun dhawuhi | mring sang panêmbahan kuda ||

33. botên nate kêndhat-kêndhat sabên ari | tiyang samya prapta | kang sami badhe ngopèni | rêrêsik wisma punika ||

34. lah ing mangke kawula badhe mangsuli |

--- 40 ---

tingkahing ayuda | bratayuda ingkang awit | amba lajêng tan uninga ||

35. caritane tata arjaning nagari | namung wartanira | kang unggul madyaning jurit | eyangta Nata Pandhawa ||

36. gya jumênêng binathara narendra di | nèng praja Ngastina | sakulawargane sami | prasamya manggih kamulyan ||

37. mung makatên warta kang ulun mirêngi | ya ta lama-lama | kintên sampun pitung warsi | eyangta Nata Pandhawa ||

38. myang sakadang kawulawargane sami | kawartining kathah | sadayarsa muksa sami | sadèrènging kalampahan ||

39. lajêng sami midêr sajawining nagri | jajah desa-desa | samarga-marga pêparing | danarta brana myang wastra ||

40. mring sanggyaning pra kawula pêkir miskin | tiyang padhusunan | kang kirang srananing sabin | prasamya sinung pawitan ||

41. sami suka parisuka pêkir miskin | tampi sihing nata | kadarmane amênuhi | duk samantên lampahira ||

42. eyang tuwan Narendra [Nare...]

--- 41 ---

[...ndra] Pandhawa kongsi | akalunta-lunta | praptèng Mantihanta ngriki | kapanggih lawan kawula ||

43. para eyang paduka samya pêparing | wulang kathah-kathah | malah eyang paduka ji | Risang Arya Wêrkudara ||

44. aparing wruh kaanan amba sajati | eyang padukendra | Nata Krêsna amaringi | sabda tama mring kawula ||

45. wiyosipun pangandika langkung titis | makatên sabdanya | hèh Anggira ngong tuturi | wruhanta karsèng jawata ||

46. sira datan pinarêng mati saiki | malah têmbe sira | bakal bisa amênangi | turun Sri Nata Pandhawa ||

5. Sinom

1. turun kaping nêm ing benjang | sajatine iya kuwi | kang bisa nyampurnakêna | maring kamuksan sajati | lamun wêtu samangkin | sira nora bisa lampus | sanadyan pinatenan | dèn jura satêngah mati | sayêktine mêksa tan wignya palastra ||

2. kajaba lamun ing benjang | sira wus bisa kapanggih | lan têdhak Nata Pandhawa [Pa...]

--- 42 ---

[...ndhawa] | turun kaping nêm sayêkti | nadyan mung dèn sabdani | kewala sayêktinipun | wus măngka jêjalaran | pangatêr kamuksan jati | angungkuli cundhamani ampuhira ||

3. mila rikala samana | amba wus nrimah ing batin | mantun sangêt ngèsthi pêjah | sumendhe karsèng dewa di | eyang paduka aji | Nata Pandhawa gya dangu | purwaning lêlampahan | kawula ngantos nêmahi | kasangsara nandhang papacintakarda ||

4. kawula munjuk prasaja | kadi atur amba gusti | dhumatêng jêng padukendra | tandya eyang paduka ji | Nata Pandhawa tuwin | sakawulawarganipun | têdhak mring dhusun Soda | sumêdya angruwat maring | cintrakane inggih pun pandhita kuda ||

5. sasampune kang mangkana | amba lajêng tan udani | wontênipun lêlampahan | margi tan wontên sung uning | tuwin amba salami | tan wignya mingkêt sarambut | saking gèn ulun lênggah | mung nalikanipun nguni | eyang tuwan Nata [Na...]

--- 43 ---

[...ta] Pandhawa duk arsa ||

6. bidhal maring dhusun Soda | eyang paduka narpati | Risang Arya Wêrkudara | kaparêng paring sabda di | dhumatêng amba gusti | makatên ing sabdanipun | hèh hèh Anggirapema | ngèsthia ing wisik mami | ingkang uwis ngong wêlingkên maring sira ||

7. lawan ngong idini sira | bisa warêg tanpa bukti | tanpa nginum nora ngêlak | tanpa nendra nora arip | wontên tandhane gusti | sabdaning satriya agung | gêtêr-patêr sauran | lir ngayubagya nêksèni | têtêpipun sabdane satriya tama ||

8. nyatanipun wus kanyatan | sapriki ulun lampahi | sabdane eyang paduka | AryaSena duk ing nguni | lêstantun praptèng mangkin | kawula tan ngraos lêsu | botên mawi anadhah | botên tilêm tanpa arip | datan nginum botên mawi ngraos ngêlak ||

9. gusti pangèstu paduka | kawula praptèng samangkin | ayêm têntrêm tan garangsang | badan botên angalêntrih [angalê...]

--- 44 ---

[...ntrih] | samana sampun titi | Anggira ing aturipun | Prabu Sariwahana | lan Wasusarma Sang Rêsi | katigane sira Dyan Patih Sunjaya ||

10. duk miyarsa aturira | mring Anggira ingkang sakit | langkung ngungun jroning driya | lan dahat wêlas ing galih | tandya sri narapati | Sariwahana nabda rum | hèh hèh kaki Anggira | sirèku wong kuna yêkti | tuwin sira tuhu kêkasihing dewa ||

11. tandhane sira widada | lêstari praptèng samangkin | pun Anggira dhêku nêmbah | sarya mèsêm sêmu manis | kanthi anawang liring | kala kawuryaning sêmu | Prabu Sariwahana | netyèsmu rêna ing galih | pun Anggira tandya matur angrarêpa ||

12. dhuh suhunaning bawana | musthikaning Nuswa Jawi | mugi-mugi linêpatna | kawula ing tulah sarik | sarusiku dèn têbih | de ta amba kamipurun | umatur jêng paduka | nyuwun uninga kang yêkti | asalsilah lêluhur jêng padukendra ||

13. rèh paduka [pa...]

--- 45 ---

[...duka] sampun karsa | gusti rawuh wontên ngriki | mênggah jêng paduka nata | punapa trahipun yêkti | Nata Pandhawa nguni | punapa ta darahipun | Risang Kurawarendra | turun kaping pintên gusti | mugi-mugi karsaa paring uninga ||

14. Sang Prabu Sariwahana | nalikanira miyarsi | aturipun pun Anggira | dahat suka jroning galih | mèsêm gya ngandika aris[2] | hèh Anggira wruhanamu | ingsun trahing Pandhawa | aluran urut sakawit | saka eyang satriya ing Madukara ||

15. parab Arya Dananjaya | turun ping nêm praptèng mami | mangkene ing têrangira | Arya Dananjaya nguni | putra kakung wêwangi | sira Arya Abimanyu | parap Ăngkawijaya | Ăngkawijaya sêsiwi | eyang Prabu Dipayana ing Ngastina ||

16. iya iku kang pêparab | sira Prabu Parikêsit | kang winêca dening dewa | ratu adil nuswa Jawi | Sang Prabu Parikêsit | anulya pêputra kakung | Sang Prabu [Pra...]

--- 46 ---

[...bu] Yudayana | maksih lêstari mandhiri | akadhaton anèng praja ing Ngastina ||

17. eyang Prabu Yudayana | pêputra uwa sang aji | Mahaprabu Gêndrayana | iku wak ingsun sayêkti | ngadêg Ngastina nagri | anulya antuk bêbêndu | dinukan mring jawata | ngalih Mamênang praja di | dèn lih aran kasêbut prajèng Widarba ||

18. dene praja ing Ngastina | kang gumantya madêg aji | nama Prabu Sudarsana | parab Yudayaka Aji | iku wong tuwa mami | anulya ngalih kadhatun | marang ing desa Yawa | aran Yawastina nagri | sabanjure gya pêputra raganingwang ||

19. ran Prabu Sariwahana | kongsi samêngko lêstari | ngong jumênêng binathara | anèng Yawastina nagri | Anggira duk miyarsi | mring sabdanira sang prabu | langkung êntyarsèng driya | anulya umatur malih | dhuh dhuh gusti musthikaning pramudita ||

20. mênggah dhawuh jêng paduka | aluraning para aji | lêluhur paduka [padu...]

--- 47 ---

[...ka] nata | yèn lêrêsipun sayêkti | pancèn kiranging pamrih | paedahing badan ulun | ananging kadyaparan | rèh paduka jêng sang aji | wus kaparêng gêlarakên pangandika ||

21. saèstu dahat nugraha | tumrap maring amba gusti | dene nguningani têrang | aluran paduka aji | mila samangke gusti | yèn kaparêng amba nuwun | mugi dèn jarwanana | jalaranipun sang aji | Gêndrayana dinukan dening jawata ||

22. wiwitipun kadyaparan | lêpatipun kadipundi | Sang Prabu Sariwahana | gumujêng ngandika aris | iya ingsun jarwani | mangkene bêbukanipun | jêng uwa sri narendra | Gêndrayana tampi sisip | dening dewa marga nandhang kaluputan ||

23. anuju ari sajuga | arine jêng uwa aji | kang nama Dyan Sudarsana | yèku asmane sajati | ramaningsun pribadi | Sri Yudayaka Sang Prabu | kala maksih nyatriya | nganglangi sajroning puri | ing Ngastina [Nga...]

--- 48 ---

[...stina] dupi lampahira prapta ||

24. cakêt sang garwa langgatan | dèn uwuh-uwuh mawanti | dening kang gupala sela | kang pêtha Sang Hyang Pramèsthi | Dyan Sudarsana nuli | nyakêt maring rêca iku | rêca tandya angucap | hèh arine narapati | kang satuhu sira kêkasihing dewa ||

25. marma ingsun andhêg sira | manirarsa mituturi | yèn ing dina benjang enjang | bakal ana mungsuh sandi | arêp ngrabasèng pati | mring kakangira sang prabu | ran Nangkoda Sadhana | sajatine iku yêkti | buta dibya êmbane yaksa narendra ||

26. Sang Aprabu Drawilaka | ing Nuswa Kambana nagri | praptane ngaturi kuda | nging jaran iku kang dadi | arining yaksa aji | Ardawalika jêjuluk | dene rowange sanga | iku bêburon wanadri | ingkang galak pinuja dadi manuswa ||

27. sira bae dèn prayitna | nanging aywa andhingini | mundhak siniku ing nata | dadèkke kurang prayogi | antinên [a...]

--- 49 ---

[...ntinên] dipun kongsi | katon kanyataanipun | tur bisa katarima | pakaryan kang kolakoni | amung bae dèn waspada myang prayitna ||

28. lan manèh pitutur ingwang | prakara iki dèn rêmit | ywa kongsi kawruhan liyan | mung yitnanana pribadi | Dyan Sudarsana myarsi | sanggyane ingkang pitutur | dahat ngungun ing driya | wêkasan narimèng batin | mring kabèhe pituture kang gupala ||

29. mangkana byar wus raina | Radyan Sudarsana nuli | kondur maring dalêmira | tanpa sare mung anggalih | lakyan kalaning ratri | wasitaning rêca guru | nulya ngrasuk busana | samêkta dènnyarsa nangkil | duk samana nuju ri Rêspati Krêsna ||

30. Mahaprabu Gêndrayana | miyos munggwing păncaniti | pêpak wadya kang sumewa | kadi robing jalanidhi | lagya eca siniwi | kasaru ana kadulu | nangkoda ingkang prapta | anggawa jaran sawiji | sarowange jujug soring wringin kêmbar

--- 50 ---

31. koningan dening sang nata | tandya kinèn animbali | ngirit mring ngarsa narendra | sandika ingkang tinuding | datan suwe wus kerit | munggwing ngarsane sang prabu | dinangu kang pinăngka | aran lan sêdyaning kapti | matur nêmbah sira Nangkoda Sadhana ||

32. ngaku asli saka sabrang | Kêling araning nagari | wasta Nangkoda Sadhana | dene praptane ngajawi | saka miyarsa warti | lamun narendra linuhung | Ngastina tanah Jawa | misuwur kasusrèng warti | lagya galih rêmên aklangênan kuda ||

33. lamun tuhu ing pawarta | Nangkoda Sadhana arsi | angaturake turăngga | ingkang wus sumaos ngarsi | kangjêng uwa sang aji | Gêndrayana sukèng kalbu | mriksani kang turăngga | bagus wandane rêspati | gya jumênêng jêng uwa saka dhêdhampar ||

34. mariksa ngubêngi kuda | tinamatake sayêkti | manawa cirine ala | lan manèk[3] kang tan sayogi | dèn titi nganti rêsik | anulya dhawuh [dha...]

--- 51 ---

[...wuh] sang prabu | mring abdi gamêl sigra | kuda kinèn angambili | tur sandika tan suwe kanang turăngga ||

35. wus miranti kinambilan | rupane saya rêspati | sri narendra tandya têdhak | mudhun saka păncaniti | kuda ginawa maring | pakitêran ngalun-alun | sêdyarsa tinitihan | kang seba rêkyana patih | sakancane mingêr kabèh lungguhira ||

36. ngarêpkên maring sang nata | kang arsa anitih wajik | ya ta Radyan Sudarsana | clana kampuhe winingkis | nyipta kanyatan yêkti | wêwêcane rêca guru | tandya asung sasmita | marang risang nindyamantri | pangucape sinamar sinamun nitya ||

37. wêdharing cipta sasmita | radyan ngajak mring dyan patih | kalamun ingkang sarira | wus mrawasa kang turanggi | paseban dipun aglis | nangkoda sakancanipun | barêng dèn rampungana | kagyat wau nindyamantri | duk nampani wêdharing cipta sasmita ||

38. dahat pangunguning driya | dènira radyan [radya...]

--- 52 ---

[...n] udani | yèn nangkoda lawan kuda | samya mungsuh marasandi | madêg suraning ati | dyan patih sasmita manthuk | têgêse wus atămpa | cipta sasmitaning ati | Si Nangkoda Sadhana nora nglagewa ||

39. yèn dhèwèke wus jinaga | sapolahe dèn yitnani | dènira wawan sasmita | Dyan Sudarsana lan patih | karone katon sami | sanityasa monthak-manthuk | sinêngguh arêrasan | ngalêmbana maring wajik | samangkana sang nata wus nitih kuda ||

40. kinitêr sakarsanira | rinèh nyongklang miwah nyirig | mêdhar tanapi adhehan | kuda nora nyulayani | suka ing tyas sang aji | dupyantara wus adangu | jaran kringête mêdal | gambirarsa anêmêni | siyut bandhang pamakême tinêmênan ||

41. gugup jêng wa sri narendra | pamêkak tan migunani | kèthèr solahe katara | kongsi runtuh kang camêthi | ya ta kang yitnèng wèsthi | Dyan Sudarsana andulu |

--- 53 ---

yèn raka sri narendra | kawêkèn solahe kèksi | sigra mêsat Dyan Sudarsana lir sawat ||

42. lumajêng nututi kuda | tan suwe jaran wus kêni | cinandhak kêndhalinira | kandhêg pamakêming wajik | radyan matur wotsari | raka ngaturan tumurun | ayun gantya anyoba | turănggarsa dèn tumpaki | ingkang raka tumurun datan lênggana ||

43. gya bali lênggah sang nata | mring sewakan păncaniti | ya ta Radyan Sudarsana | wus nitih kanang turanggi | pinolah ing sakarsi | sinêngkrakamrih lumayu | yèn kuda arsa bandhang | pinêpêk ingkang kêndhali | yèn wus mandhêg apuse manèh sinêngkrak ||

44. jaran nganti daleweran | turut wulu mêtu gêtih | dènira tansah siniksa | sinêngkrakan dèn camêthi | suwe-suwe sayêkti | kuda tan tahan ginêbug | pinêkak myang sinênggrang | gya kirig angrik dadya wil | kamanuswan Sang Ditya Ardawalika ||

45. krodha nubruk [nubru...]

--- 54 ---

[...k] paripaksa | Dyan Sudarsana nadhahi | arame dènira aprang | dangu tan ana kalindhih | karone silih ungkih | ya ta sang arya krodha wus | anarik kang curiga | sinuduk ditya ngênèni | anggro niba palastra kuwănda sirna ||

46. ya ta kang nèng panakilan[4] | Nangkoda Sadhana mèksi | yèn kuda wus kawanguran | anggro wus badhar kaèksi | dadya ditya ngajrihi | lawan sangarowangipun | wus badhar buron wana | padha ngamuk dèn tadhahi | tanpa sesa mungsuh buta rampas sirna ||

47. ya ta jêng uwa narendra | dahat pangunguning galih | dènira datan anyana | yèn nangkoda mungsuh sandi | marma barêng kang rayi | kang mêntas nyirnakkên mungsuh | bali sumiwèng nata | jêng uwa mêthuk anganthi | ingkang rayi tansah rinangkul kewala ||

48. wusnya bali sri narendra | lênggah sinewaka maning | kang rayi Dyan Sudarsana | matur ing raka sang aji | yèn dalu wus winisik | mring rêca guru [gu...]

--- 55 ---

[...ru] kalamun | enjang punika prapta | mungsuh ingkang marasandi | pamêcane tan wontên lêpat samêndhang ||

49. kang raka Sri Gêndrayana | myarsa ature kang rayi | arda pangunguning driya | wêkasan sru sukèng galih | sukur maring dewa di | myang bangêt panrimanipun | marang rayi kang sêtya | tuhu pangrêksaning nagri | tan rêringa ngungkurkên kèhing bêbaya ||


andandosi (kembali)
andandosi
Lebih satu suku kata: mèsêm gya ngandika ris (kembali)
Lebih satu suku kata: mèsêm gya ngandika ris
manèh (kembali)
manèh
panangkilan (kembali)
panangkilan