Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 06–11)

Judul
Sambungan
1. Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 01–05). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 06–11). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 20-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

6. Pangkur

1. ya ta Prabu Gêndrayana | angandika dhawuh maring kang rayi | hèh Sudarsana riningsun | yogya lêstarèkêna | sabên ratri nganglang pringganing kadhatun | kang rayi matur sandika | tandya jêngkar sri bupati ||

2. kondur malbèng kênyapura | kyana patih sakancanira sami | sowang-sowang samya mantuk | kunêng sawiji dina | cinarita Gêndrayana Sang Aprabu | arsa miyos acangkrama | maring pasanggrahan aji ||

3. datan bêkta pramèswara | tuwin wadya kang dhèrèk mung sakêdhik | Dyan Sudarsana tinuduh | pinatah

--- 56 ---

jaga praja | lawan Patih Sutikna[1] sakancanipun | samya kari tunggu praja | wusnya têdhak sri bupati ||

4. para wadya têtuguran | jaba jêro wus ana kang piniji | kang măngka têtindhihipun | dene sang mantrimukya | lawan Radyan Sudarsana kang sinêpuh | măngka lajêring parentah | mêmatah rumêksèng nagri ||

5. ya ta ratri kawuwusa | Radyan Sudarsana nganglang jro puri | kaputrèn jinajah sampun | kang lindhuk pinaranan | dupi prapta wayahe ing lingsir dalu | kagyat Radyan Sudarsana | miyarsa swaraning tangis ||

6. dahat dènnya mêlasarsa | radyan sigra marani doning tangis | dupi wus waspada tuhu | lamun ingkang udrasa | rêca guru radyan sigra marêk gupuh | marpêki unggyan gupala | tinanya paran sumarmi ||

7. dènira lara udrasa | rêca guru alon dènnya mangsuli | hèh arinira sang prabu | marma ingsun karuna | saka dahat kamiwêlasên [kamiwêlasê...]

--- 57 ---

[...n] ing kalbu | radèn marang pakênira | dene iki ana kardi ||

8. kang luwih gawat kaliwat | sisip-sisip sêmbire mahanani | dadèkke kaluputamu | marga sajroning pura | ana mungsuh arupa taksaka agung | jujug luhur pasarean | sêdyane ayun matèni ||

9. mring kakangira sang nata | mungsuh iku kumaranira nguni | Ardawalika Ditya gung | kang mati dening sira | măngka ingkang manggon sajroning jinêmrum | mung rakanta pramèswara | iku kang dadya kuwatir ||

10. mênèk-mênèk salah cipta | nora wurung nyabêt mring sira yêkti | mulane ta wêkas ingsun | tindakmu kang prayitna | ngati-ati kang patitis rèhing tanduk | titi wêlinge kang rêca | Dyan Sudarsana miyarsi ||

11. mring pitutur kang mangkana | èsmu ngungun wêkasan jroning galih | pinuntu tekat ginulung | pawitan sêtyèng driya | têmên-têmên yèn mêksa kinarya luput | mung nglindhung karsèng jawata | lêlakon tibaning pasthi [pa...]

--- 58 ---

[...sthi] ||

12. wusnya asung panarima | mring gupala radyan gya mêsat aglis | malêbu jroning kadhatun | jujug jro pasarean | langkung kagyat Dyan Sudarsana andulu | kanang taksaka nglêgarang | ilate katon kumitir ||

13. kumêbul wêtuning wisa | Radyan Sudarsana rikat amusthi | gandhewa pinênthang gupuh | panah tandya lumêpas | wus kacunthuk[2] naga sangisoring gulu | tiba taksaka wus pêjah | kuwănda sirna tan kèksi ||

14. ya ta ingkang eca nendra | pramèswara Sang Dèwi Padmawati | duk tibane taksaka gung | kagyat wungu sang rêtna | aningali ana priya kang kadulu | nyipta lamun duratmaka | kang sumêdya nyidrèng rêsmi ||

15. marma tan nganggo winawas | nulya mêtu sang dyah lawan sru anjrit | alok yèn kalêbon pandung | gègèr sajroning pura | pra parêkan êmban inya samya gugup | labêt padha tangi nendra | anut grubyug alok maling ||

16. ya ta kang jaga [ja...]

--- 59 ---

[...ga] ing jaba | Kyana Patih Sutiksna amiyarsi | cêrèke wong jro kadhatun | nyipta ana bêbaya | sakancane gugup dènira malêbu | marang jroning dhatulaya | mawa obor lawan lilin ||

17. praptèng pura katingalan | para kênya lir gabah dèn intêri | dalah kangjêng ratu ibu | Kusuma Gêndrawatya | dènnya alok ana duratmaka asru | dupi wus katon prastawa | ingkang dèn êlokkên maling ||

18. sira Radyan Sudarsana | kyana patih dahat ngunguning galih | radyan tandya nabda gupuh | mêdharkên lêlampahan | purwa madya dalasan wasananipun | kabèhe padha ginêlar | tan ana kang dèn kurangi ||

19. Rêkyana Patih Sutiksna | lawan para punggawa amiyarsi | samya duhkita lan ngungun | liring duhkitanira | dene ana lêlakon gawe pakewuh | pangunguning tyas dènira | lêlakon elok kapati ||

20. wêkasan rêkyana patya | tur uninga [uni...]

--- 60 ---

[...nga] maring dyah pramèswari | jatine lêlakon iku | dayinta duk miyarsa | mring aturing dyan patih suka ing kalbu | rumasa lamun rinêksa | amung risang ibu sori ||

21. Sang Kusuma Gêndrawatya | datan arsa tampi aturing patih | malah dukane kalangkung | mring Radyan Sudarsana | dèn têtêpkên arsa ngrusak pagêr ayu | sabab tandhane tan ana | wangke taksaka tan kèksi ||

22. bêbolèhe mantrimukya | akèh-akèh wus nora dèn praduli | malah sanalika dhawuh | utusan ngaturana | ingkang putra narendra pinurih kondur | ya ta Dyan Patih Sutiksna | myang para punggawa tuwin ||

23. sira Radyan Sudarsana | samya mêdal lawan sungkawèng galih | ya ta ratri tan winuwus | sapraptanira enjang | cinarita utusaning ratu ibu | wus prapta ing pasanggrahan | wus marêk ngarsèng narpati ||

24. wadya duta lagya nêmbah | durung kongsi munjuk mring sri bupati [bupa...]

--- 61 ---

[...ti] | sang nata enggal andangu | hèh apa parlunira | dene sira maring pasanggrahan nusul | wadya duta matur nêmbah | gusti kawula tinuding ||

25. ing ibu paduka nata | wigatose tuwan dipun aturi | nuntên kondur mring praja gung | sang nata duk miyarsa | turing wadya duta mung sasmita manthuk | jroning galih wus karasa | lamun rubeda dhatêngi ||

26. nanging sinamuning nitya | tan antara nata dhawuh ngundhangi | mring para wadya sadarum | kinèn samya sawega | pradandanan sri narendra arsa kondur | wadyabala tur sandika | ya ta duk surya lumingsir ||

27. Sang Aprabu Gêndrayana | tandya budhal sawadyabala kêrig | pasanggrahan wus kapungkur | lampahe sri narendra | urut marga miyat srining dhusun-dhusun | tumindak lawan lon-lonan | karya panglipuring galih ||

28. rèhing driya wus karasa | kang sarira arsa kataman dening | rubedarda kang tumêmpuh | ya ta tan winursita | rêroncène [rêro...]

--- 62 ---

[...ncène] ing lampah urut dalanggung | cinêndhak lampahing nata | wus rawuh sajroning nagri ||

29. laju manjing dhatulaya | para wadya pandhèrèk bubar sami | sowang-sowang samya mantuk | wau ta sri narendra | rawuhira pinêthuk ing garwanipun | Padmawati Sang Kusuma | nihanta ingkang winarni ||

30. jêng ratu ibuning nata | kang pêparab sang Dèwi Gêndrawati | dupi miyarsa kalamun | kang putra sri narendra | sampun kondur saking pasanggrahanipun | nyat jumênêng sigra-sigra | dènnyarsa panggih sang aji ||

31. dupi wus panggih sang nata | tan rêringa wadule mring putra ji | sabdane ngoso myang gêdrug | lumaku ginugua | Sang Aprabu Gêndrayana sru kalimput | kobong sing panggosokira | kang ibu dahat nglincipi ||

32. sri narendra wus kakênan | ing pangaribawaning ibu sori | sakala panggalih murup | supe purwa duksina | sanalika nata miyosing kadhatun | lênggah nèng sanasewaka [sa...]

--- 63 ---

[...nasewaka] | gya utusan animbali ||

33. kang rayi Dyan Sudarsana | datan dangu wus kerit mring ngarsa ji | sang nata angawe gupuh | radyan tanggaping driya | tur sandika umajêng saha wotsantun | sanadyan sajroning driya | radyan wus uninga yêkti ||

34. lamun arsa pinidana | parandene tanpa ngêdhap samênir | sawusnya marêk ing ngayun | nadyan palênggahira | yayah konjêm bantala dènnya tumungkul | sang nata gya narik katga | ugêl-ugêle kang rayi ||

35. pinancas dening curiga | dadya èpèk-èpèke tigas pacing | nulyasta sawijinipun | nututi gya pinancas | watês ugêl-ugêl asta kalihipun | wus samya pagas sadaya | sirna èpèk-èpèk kalih ||

36. ambruk Radyan Sudarsana | sanalika bangêt gone tan eling | sri narendra dupyandulu | kang rayi kapidhara | jroning galih tan mantala lamun dulu | jumênêng nyat [nya...]

--- 64 ---

[...t] sigra jêngkar | kondur malêbèng jro puri ||

37. para wadya jaga pura | langkung wêlas dènnya samya ningali | mring radyan kang maksih kantu | tandya ingupakara | dupi èngêt Dyan Sudarsana angadhuh | sêsambat lan galangsaran | dahat dènnya amlasasih ||

38. sigêg kang nandhang sangsara | duk samana dupi praptaning enjing | sri narendra miyos gupuh | lênggah munggwing prasêdya | dhawuh kinèn nimbali sang mantri anung | Rêkyana Patih Sutiksna | datan antara wus kerit ||

39. sumiwèng byantara nata | angandika wau jêng sri bupati | hèh kakang patih dèn gupuh | gawanên mring patihan | arinira Si Sudarsana puniku | nindyamantri tur sandika | dhawuh wadya para mantri ||

40. kinèn samya ngusung sigra | marang radyan kang lagya nandhang kanin | maring kapatihan gupuh | kang tampi dhawuh sigra | para mantri rumagang sakêdhap sampun | rahadyan wus ginosongan | mring wismaning nindyamantri ||

41. sira Dyan Patih Sutiksna | datan dangu

--- 65 ---

tandya kalilan mijil | mundur saking jro kadhatun | mantuk mring kapatihan | Radyan Sudarsana kang dahat nandhang puh | tansah dènnya tinangisan | mring garwa Dyah Padmasari ||

42. tuwin maring kang martuwa | rina wêngi datansah dèn ruktèni | nanging mung suda kang rapuh | tan bisa balèkêna | èpèk-èpèk karo kang wus padha jabut | ya ta mêne kawuwusa | Sri Gêndrayana Narpati ||

43. enjang miyos sinewaka | amrih lêjar rudah sêngkêling galih | pra punggawa pêpak sampun | ingkang sami sumewa | datan siwah lawan ngadat sabênipun | mung Radyan Patih Sutiksna | pamit botên sowan nangkil ||

44. sang nata wus munggwing dhampar | pra punggawa dhêdhêp tan ana angling | sanggyane amung tumungkul | ya ta wau narendra | durung nganti imbal sabda lan wadya gung | kasaru praptaning liman | dumrojog jujug ngarsa ji ||

45. tambuh sangkaning dipăngga | praptèng ngarsa anjrum kadya ngabêkti | tulalene [tulale...]

--- 66 ---

[...ne] ngigêl mungguh | satata lir manêmbah | sri narendra miyat kacaryaning kalbu | dèn êlus-êlus sirahnya | tumungkul gajah èsmu jrih ||

46. nata sayarda sukèng tyas | sasolahe dirada marêkati[3] | suwe-suwe sang aprabu | nir kaprayitnaning tyas | kang dipăngga awas ing panglirikipun | yèn narendra wus kalenan | sirna yitnaning panggalih ||

47. amadêg krodha sarosa | tulalene ngrangkus sarira aji | wus sinèrèt sang aprabu | binêkta oncat sigra | gègèr gugup pra wadyabala sadarum | miyat gustine kabandhang | dening gajah marasandi ||

48. ambyuk para wrahatbala | angêbyuki nêdya ngrêbut sang aji | nanging kang dirada têguh | tan matra gumingsira | tan kêna wal pangrangkuse mring sang prabu | sang nata kala samana | wus prasasat angêmasi ||

49. tan èngêt purwa duksina | sakadene panganiayèng èsthi | sinabêtkên ing wrêksa gung | tuwin mring

--- 67 ---

sela-sela | yèn ajaa sri narendra mêsthi mumut | labêt narendra sudibya | sarira tan babak busik ||

50. tarlèn mung kantu kewala | dening tansah binanting wanti-wanti | ya ta wau kang winuwus | Rahadyan Sudarsana | ingkang anèng kapatihan anandhang puh | saking asta dwi kuthungan | duk nuju suda kang sakit ||

51. mirêng aloking sujanma | lamun ingkang raka kêni sêsandi | kabêkta ing dirada gung | rinêbut pra punggawa | datan keguh kang dipăngga dahat têguh | sira Radyan Sudarsana | lir pinocung dènnya runtik ||

7. Pocung

1. ya ta wau radyan kalepat lumayu | supe gêrahira | ketang wlas mring raka aji | turut marga bêkah-bêkuh rawat waspa ||

2. bêkah-bêkuh sarikutan ngusapi luh | lan ngadhuh sêsambat | dhuh kadang tuwa ngong yêkti | kang sajati dadi gêgantining rama ||

3. kang wus murut marang jamaning aluyut | radyan turut marga | lampahe nginthar

--- 68 ---

lan nangis | duk samana sapraptaning lor galadhag ||

4. wus kapêthuk lan dipăngga ingkang ngamuk | ya ta kalanira | Dyan Sudarsana ningali | mring kang raka ingkang agung winasesa ||

5. dahat bêndu Radyan Sudarsana iku | dipăngga tinrajang | jinêjêg ing suku kering | sru kasingsal gajah tibane kalumah ||

6. tangi nubruk rahadyan nadhahi gapyuk | rame lêng-ulêngan | dipăngga sinikut kêni | maripate sakala sru kasakitan ||

7. dadya ucul narendra saka pangrangkul | Radyan Sudarsana | andhêsêg mrih angalingi | mring kang raka kang wus uwal sing bêbaya ||

8. gya rinêbut pra wadya sumahap cakut | nata ginosongan | kinundurkên manjing puri | tinangisan ing ibu myang pramèswara ||

9. ya ta wau kang aprang arêbut layu | Radyan Sudarsana | atandhing kalawan èsthi | maksih rame silih rok aliru papan ||

10. dangu-dangu [da...]

--- 69 ---

[...ngu-dangu] dipăngga rada kasluru | sirahe jinêjak | jinêjêg mawanti-wanti | ngrasa lara gajah wus malih rasêksa ||

11. anggro sêru Radyan Sudarsana dulu | lamun mungsuhira | wus warna ditya ngajrihi | ditya iku sêsumbare kapiyarsa ||

12. lamun ratu Nuswakambana puniku | Prabu Drawilaka | tandya narajang yaksa ji | tinadhahan gapyuk ulêng lêng-ulêngan ||

13. rukêt sampun kalih sami rosanipun | nanging lama-lama | Dyan Sudarsana katawis | ragi kèthèr saking kuthung astanira ||

14. mèh kapagut sakala rahadyan emut | yèn mangking wangkingan | sinikut mingêr mangarsi | gya ginitik ukiraning kang curiga ||

15. wus kadudut katgasing warăngka cabut | jinojohkên sigra | mring jajanira yaksa ji | anggro kagyat ditya raja sru angipat ||

16. radyan kombul kapalêsatira mumbul | woring mega

--- 70 ---

malang | ilang musna tan kaèksi | ditya gêblag pêjah kataman curiga ||

17. wangkenipun musna nir lêlabêtipun | para wadyabala | kang samya ngêpung anjagi | duk umiyat kombuling radyan mring wiyat ||

18. samya gumyur atine padha dhêg-dhêg pyur | ciptane ing driya | saiba yèn tibèng siti | yêkti ajur samêndhang măngsa ngukupa ||

19. kongsi dangu pancèn sêdyane tinunggu | karana jroning tyas | sanadyan dadia mênir | ing sauga wangke kêna jinupukan ||

20. ngantu-antu kongsi masa tikbra layu | surya tunggang arga | tan ana dhawah ing siti | wusing tita pra wadya bubar sadaya ||

21. sêdya amung lapur mring sang nindya anung | sigêg kang carita | gantia ingkang winarni | ing jro pura Mahaprabu Gêndrayana ||

22. sampun emut lênggah nèng madyaning jungut | ingadhêp kang garwa | sira Dèwi Padmawati | angandika narendra maring kang garwa ||

23. apa dangu

--- 71 ---

yayi ênggon ingsun kantu | kang garwa tur sêmbah | inggih ragi sawatawis | sarta damêl marasing driya kawula ||

24. paminipun paduka èstu kalalun | dangu tan kemutan | yêkti ulun anêmahi | pêjah ngênês ngraoskên jêng padukendra ||

25. sang aprabu ngandika èsmu gumuyu | yayi sukur bagya | kabèhe padha basuki | tarlèn amung nrimaa maring jawata ||

26. sigêg dalu rêroncène sang aprabu | kang nèng pajungutan | lan garwa wus samya guling | kawarnaa dupi praptanira enjang ||

27. nata wungu nulya miyos sang aprabu | saking dhatulaya | karsa lênggah ing pandhapi | animbali Rahadyan Patih Sutiksna ||

28. datan dangu dyan patih kerit malêbu | maring jroning pura | praptaning ngarsa narpati | tinimbalan dhinawuhan ngadhêp cêlak ||

29. awotsantun sandika ing aturipun | wus cakêt ing ngarsa | tandya ngandika sang aji | hèh ta kakang patih [pa...]

--- 72 ---

[...tih] ingsun atêtanya ||

30. kalanipun manira kêni sinamun | mring mungsuh kang nyamar | laku sandi rupa èsthi | sapa baya ngrêbut mring raga manira ||

31. kongsi luput saka bêbaya marucut | dyan patih tur sêmbah | gusti ingkang anututi | rayi tuwan Radyan Arya Sudarsana ||

32. awitipun mirêng saking alokipun | ing têtiyang kathah | yèn paduka sri bupati | kêni cidra winasesa ing dipăngga ||

33. lajêng bingung supe yèn astane kuthung | brabat mlajêng nginthar | botên mawi tolèh wingking | tan rinaos sarirane maksih roga ||

34. bêkah-bêkuh turut marga sambat ngadhuh | asta sarikutan | ngusap waspa kang drês mijil | dupi prapta margi salèring galadhag ||

35. sampun pangguh kalawan dipăngga mungsuh | rame dènira prang | wêkasanipun kang èsthi | dadya ditya agêng langkung kinawasa ||

36. prandosipun rayi tuwan galihipun | tan kêndhak [kêndha...]

--- 73 ---

[...k] samêndhang | krodhaning ditya sinêkti | tinadhahan tan nêdya mundur sacêngkang ||

37. rukêt gapyuk silih rok dhêsuk-dhinêsuk | duk kuwêl kalihnya | rayi tuwan èngêt maksih | anyangkêlit pusaka kanang curiga ||

38. gya sinikut mingêr ukiran ginugut | konus kang curiga | tinamakkên mring yaksa ji | kapisanan duk ditya dhawah gumêblag ||

39. kadya jumbul ngipat rayi tuwan kombul | mêsat ngantariksa | ical ngantos tan kaèksi | tinêngganan dening para wadyabala ||

40. kongsi dalu tan ana barang kadulu | dhawah sing gêgana | kongsi tita ing panganti | dados mangke têtêp rayi jêng paduka ||

41. ical sampun kilap pundi dhawahipun | ya ta sri narendra | dupi myarsa turing patih | sru karănta adrês wijilingkang waspa ||

42. krana emut panggalihe kang kalimput | wit kanyatanira | kang rayi galihe sukci | sêtya tuhu sih trêsna mring kadang wrêda ||

--- 74 ---

43. tuwin emut lêlabête luwih patut | wus marambah-rambah | nyirnakkên satru sinêkti | marma nata dahat piduwunging driya ||

44. dènnya laju mring rayi paring bêbêndu | tan mawi dèn laras | sinaringan ing tyas wêning | samangkana narendra nulya ngandika ||

45. karsaningsun kakang iku ilangipun | rinta Sudarsana | amataha para mantri | kinèn samya ngupaya sajaban kutha ||

46. dipun kêmput saubênge dipun turut | bagenên sakawan | ngalor ngetan ngidul tuwin | kang mangulon uga golongan priyăngga ||

47. dhusun-dhusun alas-alas aywa kantun | kabèh dèn ubrêsa | lah uwis kakang tumuli | prentahêna wadya mantri kang ngupaya ||

48. awotsantun kyana patih mêdal sampun | mantuk kapatihan | wus nimbali para mantri | patang puluh kinarya patang golongan ||

49. sampun [sampu...]

--- 75 ---

[...n] dhawuh tur sandika kang tinuduh | wus kalilan budhal | praptèng jaba andum margi | kang mangulon ngalor tuwin kang mangetan ||

50. myang mangidul wus samya pisah tan kumpul | ngudi sowang-sowang | dènira wajib ngulati | mring musnane arindra Dyan Sudarsana ||

51. tan kawuwus pra mantri ingkang dèn utus | wus atêmu gêlang | alas jurang kali-kali | jinajahan sêpi tan ana titikan ||

52. tita sampun pra mantri kang jajah dhusun | wus samadya căndra | dènira samya ngulati | mêksa datan ana ingkang lêbda karya ||

53. samya mantuk rèh lakune tanpakantuk | wus lapur dyan patya | nulya konjuk mring sang aji | sri narendra langkung dènnya duka cipta ||

54. nging pinupus karsaning hyang kang mangapus | lêlakyaning titah | wus tan kêna dèn owahi | kawuwusa mêne ganti ngraras driya ||

8. Mijil

1. ya ta gantya kang winarnèng tulis | ingkang kacariyos | wontên [wo...]

--- 76 ---

[...ntên] juga pandhita parabe | Sang Bagawan Sidhikara luwih | kang dhêdhepok munggwing | wukir Pandhanarum ||

2. duk samana risang maharêsi | nuju karsa lunggoh | pinarak ing natar pratapane | ingadhêpan putranira putri | ingkang awêwangi | Sang Dyah Dèwi Sadu ||

3. karsanira sang wiku mung ngisis | sarwi omong-omong | duk samana sang dyah lon ature | mring kang rama risang mahayêkti | nihan wijiling ling | rama wau dalu ||

4. ulun ngimpi ngrikane kaèksi | wayahta sang anom | Sudarsana dinukan rakane | dipun tundhung saking ing praja di | kadakwa ngrêsahi | agême cêcundhuk ||

5. sang pandhita gumujêng mangsuli | babo sutaningong | barang impèn mono sajatine | pancèn dadi kêkêmbanging guling | ana sok nètèsi | ana ingkang suwung ||

6. dadi nora kêna dèn antêpi | yogyane sutèngong | ala bêcik surasaning impèn | anglindhunga [angli...]

--- 77 ---

[...ndhunga] karsaning dewa di | ingkang masesani | ing jagad sawêgung ||

7. matur dhêku kang putra sang dèwi | mituhu ing batos | mring kang rama kang dadya dhawuhe | tan antara dènnya gunêm kawis | sang pandhita tuwin | kang putra dyah ayu ||

8. gya kasaru praptane kang angin | gumrubug sumêntor | lesus mêsês awor kang gorarèh | gara-gara akaworan riris | tan dangu kaèksi | sing wiyat gumêbrug ||

9. nèng ngarsane Sidhikara Rêsi | kagyat dupi anon | Dèwi Sadu marang ing putrane | Radyan Sudarsana amlasasih | dhawah saking nginggil | asta dwi wus kuthung ||

10. asru anjrit karuna sang dèwi | waspa drês narocos | lan nyungkêmi sang dyah mring putrane | asêsambat adhuh putra mami | paran kang sumarmi | nêmahi kadyèku ||

11. sang bagawan kagyat aningali | wus kadugèng batos | nulya paring pangrapu wiyose | mring kang putra sang kusuma dèwi | anggèr suta [su...]

--- 78 ---

[...ta] mami | dèn narimèng pandum ||

12. kabèh-kabèh lakyan kang dumadi | atas karsèng Manon | marma wajib tinarimakake | ya ta wau risang maharêsi | wusira mrih lilih | tyasing putranipun ||

13. tandya mangsah kang wayah pinêtik | talingane karo | gumaregah kadi wungu sare | duk umiyat mring eyang sang rêsi | myang ibu sang dèwi | radyan gya sumujud ||

14. angabêkti mring eyang pituwin | ibu sang lir sinom | sang pandhita alon ing sabdane | mring kang wayah andangu pawarti | marmane nêmahi | lakyan kang kadyèku ||

15. Radyan Sudarsana awotsari | ngandharkên lêlakon | purwa madya praptèng wusanane | sang pandhita wus lêga ing galih | saksana sang rêsi | mêtêg pujanipun ||

16. sariratri gung dènnya sêmadi | nênuwun ing batos | mring jawata kang murbèng alame | kang pininta ing dalêm sêmadi | datan liya aming | kang wayah sang

--- 79 ---

bagus ||

17. wignya bali pèk-èpèke kalih | lir sasamaning wong | sru pinêrês sang rêsi galihe | dènnya manthêng mêlêng mrih tyas êning | sasat anêmahi | urip kadya lampus ||

18. sirna kabèh rahsaning dumadi | adoh tan karaos | kacarita sang rêsi lamine | dènnya mêtêg ing puja sêmadi | praptèng têlung warsi | wudharing manêkung ||

19. karana wus tinarimèng Widi | kang wayah sang anom | sampun pulih dwi èpèk-èpèke | wangsul kadi kala nguni-uni | mangkana ningali | Sang Dyah Dèwi Sadu ||

20. mring kang putra wus waluya jati | astanira karo | wangsul kadya ing mula-mulane | sang kusuma dahat sukèng galih | kang putra sang pêkik | datansah rinangkul ||

21. sang pandhita trustha ing panggalih | dènnya wus kalakon | jinurungan sanggya panuwune | mring jawata ingkang sipat ngadil | kang wayah sang pêkik | astane wus wangsul ||

22. nulya lênggah satata sang rêsi |

--- 80 ---

lan putra sang sinom | ingkang wayah marak ing ngarsane | nêdya sami ngenggar-inggar galih | ngandikan mèt pamrih | suka rênèng kalbu ||

23. nanging dèrèng ngantosa dumugi | dènira rêraos | akasêlak kasaru rawuhe | Hyang Kanekaputra sing wiyati | kagyat sang maharsi | gurawalan gugup ||

24. ingkang rawuh wus dèn acarani | lênggah madyèng dhepok | risang tapa gya manêmbah age | angabêkti mring kang nêmbe prapti | myang putra sang putri | myang wayah sang bagus ||

25. ugi sami anut angabêkti | wusnya tata lunggoh | sang pandhita ngaturkên pambage | Hyang Kaneka gumujêng mangsuli | iya sang maharsi | bangêt panrimèngsun ||

26. sira atur pambagya mring mami | sabalike mêngko | ingsun paring pangèstu mring kowe | tuwin suta wayahira sami | ingkang sinungan ling | nêmbah matur nuwun ||

27. Hyang Naradha gya ngandika malih | wruhanta wak ingong | prapta

--- 81 ---

ana ing pratapan kene | sayêktine manira tinuding | maring Hyang Pramèsthi | kinèn paring dhawuh ||

28. sira lawan wayahira kaki | Sudarsana kinon | ngirit maring Ngastina prajane | ingsun arsa andhawuhkên runtik | mring Gêndrayana Ji | marga dosanipun ||

29. dènnya niksa arine pribadi | tan nganggo wêwaton | dèn owahi janma sêsipate | tanganira kinuthungan kalih | yêkti Hyang Pramèsthi | gantya paring ukum ||

30. ingkang timbang lan dosane yêkti | lah payo dèn gupoh | sutanira Nini Sadu bae | akariya tunggu anèng wukir | mundhak ngrêribêdi | yèn mèlua iku ||

31. tur sandika ingkang dèn dhawuhi | tan dangu gya bodhol | Hyang Naradha ingiring lampahe | Sang Bagawan Sidhikara tuwin | kang wayah sang pêkik | Dyan Sudarsanèku ||

32. wus kapungkur Pandhanarum wukir | mangkana pinêdhot | kang lumampah gantya caritane | ing Ngastina

--- 82 ---

Gêndrayana Aji | ing dina Rêspati | miyos sang aprabu ||

33. sinewaka munggwing păncaniti | wadya kang sumaos | pêpak andhèr tan ana siwahe | lawan sabên-sabên ri tinangkil | ya ta sri bupati | dèrèng imbal wuwus ||

34. wus kasaru wau ingkang prapti | sing awiyat anjog | Hyang Kanekaputra ing rawuhe | bêkta Risang Sidhikara Rêsi | ingkang apalinggih | wukir Pandhanarum ||

35. akalawan Dyan Sudarsanèki | sang nata duk anon | gurawalan gugup pamêthuke | mring rawuhe Hyang Kanekasiwi | tandya angabêkti | mring kang lagya rawuh ||

36. sawusira nata ngacarani | mring kang paman gupoh | Rêsi Sidhikara angrêpèpèh | dhêku-dhêku dahat anoragi | wusnya tata sami | sira sang aprabu ||

37. analăngsa umatur wotsari | mring Hyang Naradha lon | dhuh pukulun amba ngaturake | sêmbah sungkêm ing pada kêkalih |

--- 83 ---

Hyang Kanekasiwi | mèsêm ngandika rum ||

38. iya bangêt panarima mami | wruhanta sang katong | praptaningsun ing Ngastina kiye | ngêmban timbalane Hyang Pramèsthi | wigatine pinrih | dhawuhkên bêbêndu ||

39. dene sira wus wani matrapi | ukum luwih abot | mring arinta Sudarsana kiye | ingkang têmên tanpa dosa yêkti | prandene kokardi | cacat tanganipun ||

40. nganti kuthung tan lumrah ing janmi | waluyane wutoh | tarlèn amung saka pamêsune | Sidhikara eyange pribadi | marmanta saiki | karsane Hyang Guru ||

41. sira dhinawuhan pindhah nagri | ing bang wetan manggon | ing Mamênang karyaa prajane | dene ing Ngastina kang gumanti | arinta pribadi | Si Sudarsanèku ||

42. măngka kanggo panêbus sêmbulih | wit yèn tan mangkono | mêsthi sira nandhang cacat gêdhe | sasatira tan lumrah ing janmi | de yèn sira uwis | sanggup ingsun lungsur ||

43. yêkti [yê...]

--- 84 ---

[...kti] bakal antuk aksamaning | jawata kinaot | malah-malah ing têmbe wurine | bisa uga bali anampani | sihing jawata di | nugraha linuhung ||

44. Sang Aprabu Gêndrayana myarsi | sabda kang mangkono | wus graita ing dalêm driyane | yèn lênggana yêkti bêbayani | marmanya turnya ris | dhawuhing dewa gung ||

45. badhe sandika dipun lampahi | tan lêganèng[4] tudoh | sanalika sang nata nulya ge | budhal lawan wadya sawatawis | tan kawarnèng margi | sigêg ingkang kantun ||

46. ing Ngastina Hyang Kanekasiwi | tandya undhang gupoh | maring wadyabala saanane | lamun ingkang jumênêng narpati | nèng Ngastina nagri | karsaning dewa gung ||

47. Radèn Sudarsana ambawani | kang umadêg katong | binathara ing tanah Jawane | dene jêjuluking narapati | paringing dewa di | Sri Yudayaka nung ||

48. wus ngèstrènan wadya kang sumiwi | enggaling cariyos [cari...]

--- 85 ---

[...yos] | Hyang Naradha wus ngayangan age | mêsat jumantara wus tan kèksi | Sri Yudayaka Ji | wus mandhirèng gambuh ||

9. Gambuh

1. gantya ingkang winuwus | Sang Aprabu Gêndrayana kang wus | kapraboning Ngastina linungsur dening | karsaning jawata agung | sêdyane pindhah karaton ||

2. dene ta kang pituduh | Hyang Kaneka nguni ingkang dhawuh | ing Mamênang ingkang kinèn ambakali | marma Gêndrayana Prabu | mangetan mèstupitudoh ||

3. dupi nata wus rawuh | alas Mamênang dahat pakewuh | dene maksih runggute kapati-pati | wadyane nulya tinuduh | babadi bakal karaton ||

4. sandika aturipun | gya tumandang sapikantukipun | langkung rêndhêt dening wadya mung sakêdhik | ambabad wrêksa gung-agung | sayêkti lamun rêkaos ||

5. dumadakan panuju | têka ana barênganing laku | ana raja pandhita aranirèki | Bagawan Drasa jêjuluk | tilas [ti...]

--- 86 ---

[...las] nata kang ngadhaton ||

6. ing Widarba praja gung | lagi nandhang duhkita kalangkung | darunane wus wanci praptaning jangji | nanging nora asêsunu | kogêl tinggale karaton ||

7. wêkasanira namung | pêpuntone kratone ginulung | dèn lêbokkên jroning têkên wuluh gadhing | prasêtyane jroning kalbu | sing sapa dadi tyas ingong ||

8. yaiku bakalipun | andarbèni ing kadhaton ingsun | cinarita samana miyarsa warti | yèn Mamênang ing wana gung | ana narendra kinaot ||

9. ambabad wana ayun | abêbakal akarya kadhatun | sanalika Bagawan Drasa murugi | mring Mamênang sampun pangguh | kalih wus takon-tinakon ||

10. sawusing samya wêruh | tandya sami arêrasan kawruh | asal-asal lawan purwaning dumadi | yèn wus dadya laju murut | mring pundi puruge yêktos ||

11. dene yèn wangsul wutuh | mring unggyaning kala dèrèng tuwuh | sok ngatêna tan [ta...]

--- 87 ---

[...n] parlu lamun binudi | Bagawan Drasa turipun | mring Gêndrayana Sang Katong ||

12. lawan nuwun pituduh | sajatose manuswa tumuwuh | punapa ta botên susah dèn prasudi | badhe sampurnaning lampus | krantên kathah kang cariyos ||

13. wong mati mêsthi kamplung | bali manèh mring rasaning suwung | marma nora susah yèn nganggo pinikir | yêkti mulih asalipun | wiji suwung mulih kothong ||

14. Sri Gêndrayana Prabu | amangsuli sabdèsmu gumuyu | inggih lêrês tiyang kang gadhah pamanggih | nalika dèrèng tumuwuh | tan rasa-rumasa yêktos ||

15. nanging lamun ginilut | kawruh suwung kados badhe luput | kula namung nitik para pandhitarsi | kang samya martapèng gunung | mokal sêpêna panggayoh ||

16. lamun wong mati kamplung | mêsthi amung nêmu raos suwung | tanpa guna cêcêglik pucaking wukir | mati awor amun-amun | padha lawan kodhok bangkong ||

17. nanging sajatosipun [sajatosipu...]

--- 88 ---

[...n] | kawruh pati pilih tiyangipun | ingkang sagêd mêmulang lawan patitis | yèn dede tiyang kang atul | kulina maring sinaon ||

18. dene sinau lampus | mindhak dipun srekal para putus | ngêndi ana mati nganggo dèn ajari | o lêrês sabda puniku | kula muhung trimah kawon ||

19. mênggah ingkang puniku | ingkang kula wastani sinau | anglêlantih mrih kulina anitèni | niti titising trapipun | dimèn têmbe botên keron ||

20. lamun wanci katêmpuh | ing bêbaya tamtu tan pakewuh | rèh wus lêbda dêdalan kang dèn idaki | dadya tyas tan kadung-kadung | ngatên pedahing sinaon ||

21. Bagawan Drasa ngrungu | mring sabdane Gêndrayana Prabu | dahat dènnya kapencut sajroning galih | nulya adrêng ing panuwun | wisikan sanguning layon ||

22. nihanta aturipun | dhuh sang nata yèn pinujyèng kayun | amba nyuwun kasampurnan [kasampurna...]

--- 89 ---

[...n] kang sajati | panguntap kamuksanipun | Sri Gêndrayana nabda lon ||

23. inggih kawula saguh | yèn paduka trimah tambêl butuh | Sang Bagawan Drasa sru êntyarsèng galih | anulya kêratonipun | ing Widarba kang dinokok ||

24. anèng jro têkênipun | wuluh gadhing gya sinuntak sampun | ginêlaring Mamênang madyèng wanadri | sanalika wus kadulu | karaton sarwa mirantos ||

25. saupakarti patut | wus tan ana kuciwa sarambut | ya ta Prabu Gêndrayana gya nyêlaki | sang bagawan lungguhipun | mêmisik kawruh wigatos ||

26. Bagawan Drasa sampun | tampi kanang wasita sru ngungun | sanalika rinakit reka wus bangkit | tandya sang bagawan sêngkut | tekade nulya kalakon ||

27. mamrih kamuksanipun | samangkana sang bagawan sampun | mêlêng cipta rahsa kinumpul sawiji | wusnya jêjêg tandya wujud | jlêg sipat kang luwih elok ||

--- 90 ---

28. ujare kang wus putus | yèku sipat urip ingkang tulus | liring tulus nora bakal owah gingsir | urip wus tan kêna lampus | iku sawarganing uwong ||

29. Bagawan Drasa sampun | muksa mêsat lan saraganipun | samantara ana riris-riris wangi | myang jumantara jumêgur | kadi swara langit ruboh ||

30. yèku pratandhanipun | tan nalisir ing kamuksanipun | Sri Narendra Gêndrayana sukèng galih | anulya asung panutur | pangatêr kamuksan jatos ||

31. titi caritanipun | Sri Sariwahana dongèngipun | pun Anggira duk mirêng sabda sang aji | pangandhare kongsi galur | dahat sukanirèng batos ||

32. anulya nêmbah matur | mring sang nata nihan dènnya matur | dhuh pukulun lêpatipun kang sajati | uwa paduka sang prabu | pancèn ragi kalêbêt ros ||

33. karantên ratu agung | binathara ing jagad sawêgung | têka dadak pêpêt kalimputing budi | arsa andhawuhkên bêndu |

--- 91 ---

ngêtrapkên ukum kang abot ||

34. têka wêwatonipun | muhung mriksa ing paklaringipun | ingkang ibu dhêdhasar panggalih putri | imbêt-imbêt kirang sarju | yêkti prêbale malencong ||

35. ing galih mung kasusu | anampèni wadule kang ibu | botên mawi sinaring lan galih wêning | tiniti kang ngantos nglangut | yèn panitine wus cocog ||

36. ing ngriku sawêg sampun | pêpantêse ing tumindakipun | paukuman wus ginalih lawan ngadil | saèstu tan dadya luput | ratu ngadil manut waton ||

37. makatên lêrêsipun | yèn ginalih lawan muluripun | sarêng kadi jêng uwa paduka aji | piduwunge wontên pungkur | dening siniku Hyang Manon ||

38. mila prayoginipun | jêng paduka têmbe wingkingipun | sampun ngantos nindakkên sabarang kardi | kang dèrèng ginalih apuh | mindhak kuciwèng pasêmon ||

39. paduka narendra gung | binathara wira sudibya nung | yèn ngantosa [nganto...]

--- 92 ---

[...sa] tumindak kalayan sisip | loking jana kirang patut | dêstun yèn narendra bodho ||

40. karantên gambaripun | wus kanyatan kadi ingkang sampun | sintên tiyang ingkang adamêl saksêrik | winalês saksêrik èstu | tuwin sintên karya awon ||

41. sayêkti gêntos mangguh | walês awon ingkang kongsi jumbuh | lamun damêl sangsara sasami-sami | tan wande ugi pikantuk | wêwalês sangsara gêntos ||

42. yèn damêl sukèng kalbu | antuk walês kabingahan èstu | lamun damêl suda sipating sujanmi | kadi uwa jêng pukulun | Sri Gêndrayana sang katong ||

43. dilalah drajadipun | dipun suda saking karsanipun | ing jawata ingkang pancèn sipat ngadil | binatharane linungsur | tur tinundhung sing karaton ||

44. dhuh sèwu-sèwu nuwun | pangaksama tuwan sang sinuhun | de kawula kamipurun mêmiringi | diksura kadi wong gêmblung | rèh katarik trêsnèng batos ||

--- 93 ---

45. mila ngantos kalimput | ngunjukakên wasita tan patut | Sang Aprabu Sariwahana miyarsi | aturing Anggira wau | sri nata rêna ing batos ||

10. Sinom

1. Sang Prabu Sariwahana | gumujêng manabda manis | wruhanta kaki Anggira | yèn ngatase sarjana di | kang ngudi mardi budi | mung kotaman kang ginayuh | lumuh ing tindak durta | sêtya tuhu maring jangji | kang sinêdya mung mèt ecaning sasama ||

2. têlas sabdaning narendra | Anggira suka miyarsi | mring sabda ingkang mangkana | nyipta panuwune pasthi | maring sri narapati | tan wande badhe pakantuk | mila laju turira | dhuh gusti pêpundhèn mami | yèn mangkana pun patik aparipaksa ||

3. cumanthaka tan wrin angga | akamipurun pun dasih | nuwun sih lunturing karsa | kang sampun tuwan sanggupi | dene panuwun mami | mung gusti sagêde timbul | kang dadya wêcanira | eyang paduka sang aji | narendra di Nata Pandhawa ing kina ||

4. sabdane dhatêng

--- 94 ---

kawula | datan wontên ingkang bangkit | nyampurnakkên badan amba | marang ing kasidan jati | liya têdhak sang aji | Pandhawa kang sampun turun | kaping nênêm turunan | sok ngatên paduka gusti | kenging wêca yêkti kêdah nurutana ||

5. maring panuwun kawula | pramila ulun samangkin | sumanggèng karsa narendra | kang kuwaos angrampungi | dhatêng sangsaya mami | siyang ratri amung konjuk | ing ngarsa jêng pamasa | mugi lumuntura kang sih | anêtêpi wêcaning lêluhur tuwan ||

6. tuwin gusti namtokêna | dhawuh kang sampun kawijil | kasagahan mring kawula | myang wêlasa ing kaswasih | rèh amba dahat lami | ngagak-agak anandhang puh | kasêlak botên kiyat | nèng marcapada kang abdi | dhuh wêlasa anggèr mring badan kawula ||

7. têlas ature Anggira | ya ta wau sri bupati | Sang Prabu Sariwahana | lawan Wasusarma Rêsi | tiga sang nindyamantri | ing tyas langkung dènnya ngungun | tuwin kewraning [kewra...]

--- 95 ---

[...ning] driya | dènirarsa mituruti | ingkang dadya panuwune pun Anggira ||

8. rèh dèrèng dungkap ing cipta | nanging merang jroning galih | yèn ngingkêdana ing sabda | kang wus kalajêng kawijil | lawan yèn tan nêtêpi | wêcaning lêluhuripun | yêkti kasêbut cacat | kèndêl lêgêg sri bupati | kèndêlipun kanthi nganam-anam driya ||

9. dènira amrih widada | kautamaning panggalih | kongsi dangu sri narendra | tanpa sêgu tanpa angling | dupi wus sawatawis | nata dènnya kèndêl wau | wusnyantuk wênganing tyas | nêdya arsa mituruti | mring kang dadya panuwune pun Anggira ||

10. wêkasan nata ngandika | hèh kaki Anggira mangkin | yèn mangkono pamintanta | iya bakal ngong turuti | nanging ta ingsun iki | mung dadya lantaranipun | pangèsthi sêdyanira | lah payo ta dipun aglis | ngêningêna ciptanta kang maksih ura ||

11. kumpulna dadya sajuga | gumolong mêlêng sawiji | myang nutupa

--- 96 ---

pănca driya | ing kono sira dèn titi | ngawasna kang sajati | jati-jatining kang wujud | lamun wus katon wijang | wujud lir sajroning carmin | iya iku kaananing uripira ||

12. nulya panthêngên ing cipta | nyipta anunggal sawiji | lan wujud kang wus kawangwang | lir jambe sinigar kalih | lawan warnanta yêkti | de yèn wus golong gumulung | gulungên uswanira | ing kono mêsthi pinanggih | uripira kang urip datanpa jiwa ||

13. langgêng ing salaminira | datan wrêdha tan taruni | tan wiwitan tan wêkasan | nikmat mampangat[5] pinanggih | yèn sira wus mangrêti | kaya ing wêwisikipun | eyang Dyan AryaSena | cipta juga ingkang dadi | pangatêre marang ing kamuksanira ||

14. ya ta Anggira miyarsa | mring sabdanira sang aji | Sang Prabu Sariwahana | madêg santosaning ati | gambira drênging kapti | wus tan was-was jroning kalbu | sigra patrap Anggira | ngèsthi mring wujud sawiji | pangrakite cipta wus datan kuciwa [kuci...]

--- 97 ---

[...wa] ||

15. dupi wus mêlêng sajuga | blas sirna muksa tan kèksi | nulya na tăndha katrima | ngawiyat swara kapyarsi | jumêgur angèbêki | bawana sakubêngipun | riwusing paripurna | tan dangu turuning riris | jawah sêkar sumawur gănda angambar ||

16. winor lawan găndawida | langkung adrês amrik minging | katiyuping samirana | gănda mulêg angêbêki | mratani dèsi-dèsi | kèbêkan gănda rum-arum | karya muriringing tyas | ya ta wau Sri Bupati | Yawastina lan Bagawan Wasusarma ||

17. tuwin Dyan Patih Sunjaya | risang katiganya dupi | samuksane pun Anggira | dahat angrês ing panggalih | têmahan waspa mijil | èngêt kala gêsangipun | dahat dènnya mlasarsa | têmah katigane sami | suka sukur marang ing jawata mulya ||

18. dene wêcane kang eyang | Nata Pandhawa ing nguni | mêngko wus samya kalakyan | tan ana siwah samênir | ya ta wau Sang Aji |

--- 98 ---

Sariwahana nabda rum | mring Dyan Patih Sunjaya | myang Wasusarma Sang Rêsi | hèh wa Patih Sunjaya myang karonira ||

19. bapa Wiku Wasusarma | ingsun iki angraosi | mring kamuksaning Anggira | têka kayungyun tyas mami | dene tan dimpe yêkti | maring katiyasanipun | kawruh luwih waskitha | măngka yèn dinugèng warni | kawujudan sayêkti lamun dupara ||

20. măngsa ta dadak darbea | pangawruh ingkang linuwih | yèn nitik pada wadana | baya mung katungkul ngudi | ambudi sandhang bukti | mangkono pasthi kang patut | ananging têka nora | anyolong pambadhe yêkti | wus têtela janma tan kêna ingina ||

21. kabèh titahing jawata | nadyan sudra papa miskin | yèn pinasthi dening dewa | wong iku lêbda ing ngèlmi | uga sayêkti wasis | pangulah pamardinipun | ing kawruh kasampurnan | dene ta kosoke bali | nadyan para danuja trah Witaradya ||

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 06–11): Citra 1 dari 2
Bagawan Wasusarma.Prabu Sariwahana. Patih Sunjaya.

--- 99 ---

22. yèn wus pinasthi ing dewa | cobolo tan darbe ngèlmi | ngèlmu dalaning kamuksan | sayêkti tibaning pati | trah Witaradya iki | yêkti bakal numbuk bêntus | Radyan Patih Sunjaya | dhêku aturira aris | kaluhuran gusti dhawuh jêng paduka ||

23. mung Bagawan Wasusarma | umatur saha wotsari | dhuh gusti jêng sri narendra | mugi paringa aksami | maring pun bapa dening | dahat dènnya kamipurun | umatur jêng paduka | ingkang kanthi nyulayani | gih punika prakawis dhawuh narendra ||

24. sampun karsa ngugêmana | bodho myang gunaning janmi | ginalih sampun pinacak | saking pasthining dewa di | makatên kang pamanggih | punika sayuta klintu | rêmbag pêsthi punika | wontênipun angantuni | pikantuke muhung kangge panarima ||

25. yèn mênggah pamanggih amba | kawontênaning aurip | mung manut lampahing janma | botên mawi pustha-pasthi | kados ingkang upami | lare sutèng [su...]

--- 100 ---

[...tèng] bau pikul | nanging manah sumêdya | ngudi kawignyan sakalir | pambudine têmên kanthi tapabrata ||

26. sayêktinipun jawata | tamtu kêdah anuruti | dene timbangan punika | upami sutèng maharsi | kang wus kasusrèng warti | gung manêkung pucak gunung | nanging manahe sungkan | botên nêdya amarsudi | ing kadibyan kanuragan kasampurnan ||

27. sayêktinipun jawata | ugi namung angidèni | maring sêdyaning tumitah | dados sampun têrang gusti | guna tanapi ngèlmi | kenging ugi yèn ginayuh | lamun botên mangkana | mangsi wontêna maharsi | myang pandhita sami mêtêg puja mantra ||

28. lamun sêdyaning manuswa | mung ginantung wontên pasthi | samangke kawula arsa | adamêl kang tăndha saksi | sanggya lakyaning janmi | sayêktine amung manut | maring tindaking janma | yèn èstu tan saking pasthi | wujudipun saupami wontên janma ||

29. dahat dènnya mati brata | nênuwun mring jawata di | sagêda [sagê...]

--- 101 ---

[...da] manggih nugraha | saking sangêting pangèsthi | myang sangêt anglampahi | mring jawata sêmbah sujud | lajêng katrimèng dewa | manggih kamulyan linuwih | kang makatên punika inggih punapa ||

30. têtêp pêpasthèning dewa | ananging ing lami-lami | tiyang punika kalepyan | supe nêmbah mring dewa di | nulya tindak duskarti | yêkti sangsara pinangguh | satêmah karisakan | kamulyane angoncati | punapa ta malik pasthi karisakan ||

31. lah kadospundi punika | têka lajêng molak-malik | têrang yèn pêsthi punika | botên kenging dèn pathoki | krantên yèn dèn yêktosi | pêsthi punika mung manut | solahbawèng manuswa | wontên tandhanipun malih | ulun gadhah dongèng carita ing kina ||

32. wontên paragaking desa | Sagotra araning dèsi | bawah nagri Gilingtosan | nama Pragaksoma gusti | nuju dintên sawiji | pun Pragaksoma puniku | prapta ing jangjinira |

--- 102 ---

mantuk maring têpêt sukci | kathah para warga samya ngupakara ||

33. riwusira paripurna | pangruktine kanang mayit | tandya binêktèng pasetran | kang prênahipun tan têbih | saking wismaning mayit | sakêdhap paripurna wus | măngka nalikanira | pun Paragaksoma lalis | wus winastan pasthining jawata pêjah ||

34. wusana lêt kintênira | wontên kawandasa ari | wontên janma kalih prapta | saking Wiratha praja di | kalihe ingkang prapti | sadhèrèke tunggil guru | lawan pun Pragaksoma | dene wastane kêkalih | pun Sudhana kalihipun pun Wedhana ||

35. sêdyanipun ingkang prapta | inggih namung atêtuwi | karantên miyarsa warta | lamun Pragaksoma sakit | nanging wus tan mêningi | mung kapanggih sutanipun | ingkang nama Salinggan | suka sumêrêp manawi | ramanipun pun Pragaksoma wus lena ||

36. laminipun winatara | sampun kawan dasa ari | duk miyarsa kalihira | angungun èsmu [è...]

--- 103 ---

[...smu] prihatin | wusana têtanya ris | mring Salinggan wuwusipun | ênggèr sudarmanira | pinêtak ana ing ngêndi | pun Salinggan mangsuli wontên pasetran ||

37. kaprênah wetan punika | saking ngriki botên têbih | ya ta Sudhana Wedhana | kalih sami mangkat aglis | maring pasetran kerit | pun Salinggan atut pungkur | sapraptaning pasetran | wus samya dipun têdahi | panggenaning pamêtak pun Pragaksoma ||

38. pun Sudhana lan Wedhana | gya tumandang andhudhuki | kubure Paragaksoma | tan dangu sawa wus panggih | wus bosok kanang mayit | balarongan gandanipun | tandya sinidhikara | mayit mring janma kêkalih | pun Sudhana Wedhana samya mêmuja ||

39. nênuwun maring jawata | supadi sagêda urip | wangkene Paragaksoma | tinarimèng jawata di | Paragaksoma urip | katri gya rangkul-rinangkul | prasamya onêng-onêngan |[6] tandya

--- 104 ---

sami wangsul malih | dahat suka para kadang warganira ||

40. lah ta punapa punika | inggih nama pêsthi malih | pêsthi Pragaksoma gêsang | harak pêsthi wira-wiri | măngka gêsange kongsi | kuwawi dwi dasa taun | cêkak pamanggih amba | pêsthi-pêsthi botên mawi | wontênipun punika rêmbag susulan ||

41. wosipun sanggya lêlakyan | gumantung karsaning janmi | ya ta wau sri narendra | lan Sunjaya Radyan Patih | sarêng wau miyarsi | dêdongengan ingkang galur | laladan kanthi nalar | samya condhong ing panggalih | tan winarna katri ingkang wawan sabda ||

42. nèng jro desa Mantihanta | samana karsèng narpati | yun kondur marang ing praja | tandya dhawuh mring dyan patih | lan Wasusarma Rêsi | dènira wus arsa wangsul | mring praja Yawastina | sandika kalih jurungi | nulya budhal Sang Prabu Sariwahana ||

43. saking dhusun Mantihanta | ing marga datan winarni | wus [wu...]

--- 105 ---

[...s] rawuh sajroning praja | nata nulya manjing puri | para punggawa sami | kang tuguran bubar sampun | umantuk sowang-sowang | sigêg Yawastina nagri | kawuwusa praja di nagri Widarba ||

44. anuju sawiji dina | ing ari Rêspati Manis | Sang Prabu Jayapurasa | akarsa miyos siniwi | lênggah ing păncaniti | pêpak para punggawa gung | ingkang sami sumewa | balabar kadya jaladri | kang kaparèng ngarsa Dyan Patih Sutiksna ||

45. sri narendra gya ngandika | hèh kakang rêkyana patih | samêngko ing karsaningwang | tinggalane suta nguni | Êmpu Yogiswara dwi | ngong angkat sadayanipun | padha dadi punggawa | karo pisan madanani | pra pujangga sajroning praja Widarba ||

46. kang tuwa sun sungi aran | Êmpu Salukat prayogi | nganggo sêsêbutan arya | kang anom ingsun paringi | aran ingkang sayogi | Êmpu Karmajaya mungguh | padha sêbutan arya | tur

--- 106 ---

sandika nindyamantri | nulya dhawuh mring kalih kang winisudha ||

47. kalih kang tampi nugraha | matur sandika prasami | tandya kalih majêng sigra | ngaras padaning narpati | wusira angabêkti | mundur sowanira sampun | wor lawan pra punggawa | ya ta tan antara nuli | kacarita kasaru ing praptanira ||

48. kalih putra ing kuningan | Dhatusatara kang siwi | patutan saking Sang Rêtna | Yuniyuta sang sudèwi | ingkang sêpuh wêwangi | Radyan Anitri rinipun | Rahadyan Agniyara | kanthi wadya sawatawis | praptanira kalih èsmu kudhandhangan ||

11. Dhandhanggula

1. samya jujug panangkilan sami | kagyat wau Sri Jayapurusa | duk miyat kalih praptane | ing tyas ragi kumêpyur | gya ingawe marêk mangarsi | kalih majêng wotsêkar | wus sumiwèng ngayun | ya ta Sri Jayapusara | nulya dangu mring kalih kang lagya prapti | paran wigatinira ||

2. radyan kalih nêmbah turira ris | parlunipun [parlunipu...]

--- 107 ---

[...n] ngunjuki uninga | kang rama ibu muksane | sarêng sami sadalu | jalaraning muksa wus sami | katur sadayanira | maring sang aprabu | ya ta wau sri narendra | lawan sagung pra wadya kang samya nangkil | dupi samya miyarsa ||

3. sami bela sungkawèng narpati | sri narendra mijil ingkang waspa | kararănta jro galihe | mèngêt mring kangbok ayu | Yuniyuta risang sudèwi | têka tanpa bêbeja | ing kamuksanipun | dangu-dangu tyas pinapas | pêpuntoning driya wus karsèng dewa di | sakala sri narendra ||

4. sampun lêjar sajroning panggalih | gya ngêngimur mring putra pulunan | samya ngecanan galihe | nihan sabda sang prabu | dhuh dhuh sutaningsun kêkalih | sayogya narimaa | mungguh muksanipun | karo ibu ramanira | kang wus langgêng lingga bathara-bathari | sasana ngariloka ||

5. myang èngêta sanggyaning aurip | sayêktine têmbe praptèng pêjah | kawruhana sadurunge | titahing [titah...]

--- 108 ---

[...ing] jawata gung | marcapada kang samya urip | janma myang sato kewan | iku kabèh amung | lir sarah munggwing lautan | mung kumambang anut ombaking jaladri | mangkono gambarira ||

6. amung bae karo sira kaki | dipun bisa sirèku pinêksa | dinadak dadia kowe | kamipituwanipun | kabèh kadang warganta kaki | dhêku kalih tur sêmbah | têmah samya lipur | nulya malih sri narendra | paring dhawuh maring dyan anindyamantri | nihanta sabdèng nata ||

7. hèh ta kakang mêngko karsa mami | sutèng kuningan kêkalihira | ngong wisudha sakarone | gumantyèng ramanipun | ingkang tuwa ingsun paringi | mêngku nagri kuningan | ing saparonipun | lan ingsun paringi nama | Risang Dhatuagni tri luwih prayogi | dene ta arinira ||

8. sun paringi kuningan sapalih | lan arana Dhatuagniyara | karo ngong lilani kabèh | nganggo pacaranipun | salumrahe pacarèng aji [a...]

--- 109 ---

[...ji] | sathithik aywa owah | kalayan rumuhun | duk maksih ing ramanira | tur sandika wau risang nindyamantri | tandya dhawuhkên sigra ||

9. mring dwi ingkang winisudha sami | tur sandika ingkang tampi dhawah | nulya umarêk kalihe | marang ing ngarsèng prabu | ngaraspada agênti-gênti | Prabu Jayapurusa | myat pulunanipun | kalih ingkang sampun lola | galihira angrês lir pendah dèn iris | sangêt awlasing driya ||

10. têmah dadya rumêntahingkang sih | laju karsa dhawuh paring Wedha | nihan narendra sabdane | dhuh kaki sutaningsun | sira karo dipun pakeling | rèh karo sira padha | mêngku praja kulup | gêdhe cilik tan prabeda | utamane dadya panggêdhening nagri | yogyane anganggoa ||

11. ambêg kautaman lawan ngadil | liring ngadil nora amung tumrap | tibaning pidana bae | nadyan tindak lènipun | nomêr siji ya laku adil | jerengane mangkana | kaya ta sirèku |

--- 110 ---

kaki arsa anggêganjar | maring putra garwa tuwin maring abdi | kudu ingkang warata ||

12. aja ana ingkang gondhang kasih | upamane ganjar maring suta | dèn warata suta kabèh | lamun maring wadya gung | iya kudu ingkang waradin | ganjar maring santana | sapêpadhanipun | ya kudu ingkang warata | aywa ana kongsi kaliwatan siji | dene lamun midana ||

13. maring wadya ingkang nandhang sisip | iya nadyan mring putra santana | kang têtêp nandhang dosane | ywa nganggo ewah-ewuh | nadyan maring para kêkasih | ywa nganggo beda-beda | tibane ing kukum | karana wong mêngku praja | lamun nganggo nindakake pilih kasih | prasasat dhêdhêr wisa ||

14. de dhêdhêran suwe-suwe pêsthi | bisa thukul subur angrêmbaka | yèn awoh sapa kang duwe | sayêkti ingkang nandur | yèn wong liya pêsthi tan wajib | kapriye dadinira | wong angundhuh racun | yêkti nêmahi cilaka | mula kulup aja kongsi anglakoni [angla...]

--- [0] ---

Ringgit Madya Lampahan Narpalaksita, Mangkunagara IV, 1916, #85 (Pupuh 06–11): Citra 2 dari 2
Patih Sutiksna. Radèn Anitra. Radèn Agniyara. Prabu Jayapurusa. Parêkan

--- 111 ---

[...koni] | nanêm wijining wisa ||

15. lawan manèh kakingong tuturi | awasêna kabèh punggawanta | kang samya dadya panggêdhe | sarta kang samya mêngku | kukum ngadil titinên yêkti | awit kabèh punggawa | ingkang dadi dhuwur | miwah kang mêngku kuwasa | ingkang akèh sok kêrêp anyulayani | lawan karsaning nata ||

16. banjur nganggo karêpe pribadi | kanggo nyambi golèk pangasilan | agêgaran kuwasane | iku racun ping sèwu | angrêrusak têntrêming nagri | sarta ngrèmèhkên marang | ing karatonipun | saya yèn kang madêg nata | tan wêweka bodho wangkot tuna budi | lèmèr munggah umpakan ||

17. iku dadya panganing kêkasih | pra punggawa kang julig culika | banjur gampang pangarahe | yèn seba nuli badhut | ngonggrong ngumpak tan nganggo wigih | kadi dolani bocah | mung waton nyalêbung | mula kaki ingsun bisa | ngojahake krana manira ngèlingi |

--- 112 ---

carita jaman kuna ||

18. tanah Hindhu ana juga nagri | ingaranan praja Giripura | pancèn agung karatone | ingkang jumênêng ratu | maksih anom warnane pêkik | parapira narendra | Prabu Jongbinangun | nanging bodhone kalintang | ratu iku tan karsa dipun adhêpi | mring wadya kang utama ||

19. kabèh sarjana sujana kontit | para wiku arsi myang pandhita | kabèh tan kanggo gunême | dene karêmanipun | mung dèn parak para pawèstri | kênya kang ayu endah | kang nêdhêng rumucuh | para mantri myang punggawa | uga ana kang kapiji angladèni | nanging amung pêthilan ||

20. kalawija dhêngkak lawan wujil | bule bucu tuwin calaina | tan pisah rina wêngine | anèng ngarsa sang prabu | gêgiliran agênti-gênti | dene mantri punggawa | kang kinathik iku | wus pinilih ingkang lêbda | bêbanyolan bêbadhudan ingkang wasis | bisa ngonggrong myang ngumpak [ngumpa...]

--- 113 ---

[...k] ||

21. mung mangkono karême sang aji | tangèh mikir luhuring karatyan | lan praja tata têntrême | măngka karaton iku | nalikane kang dhihin-dhihin | duk buyut canggahira | pancèn narendra gung | kèringan ing liyan praja | kasusrèng rat tanah Hindhu andhèwèki | luhuring kratonira ||

22. nanging barêng tumêka Sang Aji | Jongbinangun kang jumênêng nata | tanpa aji karajane | karana patihipun | lan punggawa myang para mantri | ingkang mêngku parentah | ing sagarapipun | tan ana kang sêtyèng nata | sakarêpe nindakakên kukum ngadil | dèn anggo panggaotan ||

23. jangji ana wadya para mantri | ingkang lena nadyan tinggal suta | nanging nora bisa awèh | rêruba lurahipun | yêkti datan bisa gêntèni | dene lowongan pangkat | mantri iku banjur | dinol mring para sudagar | êndi ingkang bisa rêruba mas picis | clingkrik banjur payungan ||

--- 114 ---

24. de yèn pangkat punggawa kang mati | nindyamantri kang darbe bubuhan | ginantyan dening sutane | dene ta warisipun | sinung pangkat kang rada cilik | mulane saya lawas | mèh punggawanipun | kabèh sutane ki patya | siji loro ya uga maksih nyarêndhil | dudu darah patihan ||

25. nanging suwe-suwe iya pasthi | nora wurung tiba angalêmpak | brayat kapatihan kabèh | jangjine sang nindya nung | maksih urip nyêkêl kêndhali | pangwasa Giripura | wah saya kalamun | nindakake pangadilan | para lide anak putune pribadi | saya sakarsa-karsa ||

26. yèn kang darbe prakara wong sugih | dhêdhasare si băngsa artawan | kasangkut prakara gêdhe | ing kono jibar-jibur | tan praduli jangji pakolih | ngluwari pasakitan | tanpa ewah-ewuh | ngêgungkên lamun kuwasa | lamun garap parapadu băngsa sugih | padha gugat-ginugat ||

27. iku manèh kang prakara [pra...]

--- 115 ---

[...kara] sipil | êndi ingkang pinalothot gampang | yêkti mênang prakarane | putra kuningan dhêku | awotsêkar matur nyêlani | dhuh dewaji punapa | kang jumênêng ratu | tan mawi nguninganana | lampah-lampah tindake ingkang prakawis | dhawahing paukuman ||

28. awit sadaya limrahing nagri | ungêlipun sêrat karampungan | atas narendra asmane | karantên sang aprabu | kang kagungan ing kukum ngadil | patih amung kuwasa | winênangkên gadhuh | maring pangwasaning nata | tuwin malih têtêping punggawa pasthi | kêdah têrang narendra ||

29. têka wontên lêlakyan kadyèki | lumastantun kongsi salaminya | punapa ta jêng pamase | sampun tan sapa aruh | sakarsaning rêkyana patih | saandhahannya pisan | ingkang damêl kusut | dhatêng asmaning narendra | Sang Aprabu Jayapurusa nabda ris | o o tan pisan-pisan ||

30. ratunira yèn darbe pamikir | kulup kaya ing panêmunira |

--- 116 ---

wong dhasar iku ratune | lir rêca bisa clathu | marma rusak tataning nagri | luhuring prajanira | duk lêluhuripun | sathithik wustanpatilas | têmah asor nagarane malah kêndhih | kawêngku rajèng liyan ||

31. nadyan isih jumênêng narpati | Giripura ananging prasasat | mung ratu rêraton bae | ujêr kawasanipun | babarpisan wus tan darbèni | kajaba mung sinungan | wêwênang sadumuk | ukuming putra santana | de ukume sadaya kawulèng nagri | dadya wawênangira ||

32. parentahing raja ingkang ngêndhih | saya suwe saya amêmêlas | Giripura karatone | asore saya muput | datan kajèn sasamèng aji | sing lupute priyăngga | nalika rumuhun | duk maksih mêngku kawasa | nora nganggo eling mring panindak ngadil | mung digung adiguna ||

33. mring kawulèng praja nora mikir | tansah ambêg ing sawênang-wênang | wong sapraja jêrit kabèh | prandene tanpa kogug | nganiaya [nga...]

--- 117 ---

[...niaya] myang masesani | patrap ingkang mangkana | yêkti dangu-dangu | kapyarsa ing praja liyan | sawijining nata kang ambêg utami | wêlas myarsa sêsambat ||

34. panjêrite janma sanagari | dahat wêlas gya ambudidaya | dènnyarsa ngêndhih kwasane | mring nata kang tan jujur | riwusira antuk pamanggih | nalar pasanging gêlar | rineka pakantuk | rêmbug alus myang sinênggrang | kabèh-kabèh dèn cakkên miturut wanci | wahyaning masakala ||

35. suwe-suwe tinalatèn kêni | dhasar ratune bodho kaliwat | myang imbuh tipisan atèn | banjur kêna binujuk | tinalenan lawan prajangji | lêstari bawah prentah | ing nata lènipun | têmah têntrêm wong sapraja | pranatane jêjêg ajêg tata ngadil | wong cilik sukèng driya ||

36. sirna kabèh mêmalaning nagri | pra panggêdhe kang sawênang-wênang | angêndêlkên kawasane | wus padha kapok kawus | panindake wus dadya bêcik | emane [e...]

--- 118 ---

[...mane] kang kawasa | mung kari sajumput | nadyan ratune wus rada | ngimbir-imbir ngilangi adat ingkang wis | ambêk sakarsa-karsa ||

37. nanging mêngko patrape kang bêcik | wus tan bisa narik kautaman | myang luhuring karatone | karana wus kabacut | darajading karaton cilik | lêlakon kang mangkana | sayêkti ing pungkur | nukulkên piduwunging tyas | marma sira kaki poma dipun eling | ywa nganti nglakonana ||

38. ingkang kadi dongèng ingsun iki | luwih bêcik akawikanana | kabèh lakon sadurunge | dadya ing têmbe pungkur | tan kaduwung sajroning ati | dhêku putrèng kuningan | sandika turipun | sarta badhe pinèngêtan | sadayane dhawuh piwulang narpati | liningga lir pusaka ||

39. wusnya têlas sabdane sang aji | mundur ingkang mêntas tampi wulang | putrèng kuningan kalihe | wangsul plênggahanipun | sri narendra gya jêngkar nuli | kondur malêbèng pura | dene ingkang

--- 119 ---

kantun | Rêkyana Patih Sutiksna | sakancane tandya wus bubaran sami | mantuk sowang-sowangan ||

40. putrèng kuningan makuwon maring | kapatihan wusing pêndhak dina | wus kalilan sakarone | maring kuningan wangsul | sawadyane wus budhal sami | cinêndhak sampun prapta | radyan kalihipun | anèng jroning prajanira | samya nata prajane sapalih nagri | ngadhaton sowang-sowang ||

41. sampun titi kanang carita di | pêpakême ingkang ringgit madya | punggêl samantên dugine | karantên sêdyanipun | pananggalan ing taun wingking | badhe santun waosan | kalangkung pakantuk | myang sênênging pra lêngganan | mugi Allah kaparênga nêmbadani | sêdyaning pun pangarang ||

 


Sutiksna. (kembali)
kacundhuk. (kembali)
mêrakati. (kembali)
lêngganèng. (kembali)
manpangat. (kembali)
Lebih satu suku kata: prasamya nêng-onêngan. (kembali)