Bratayuda, Kartapradja, 1937, #106 (Hlm. 52-96)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Bratayuda, Kartapradja, 1937, #106 (Hlm. 01-52). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
  2. Bratayuda, Kartapradja, 1937, #106 (Hlm. 52-96). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
Image

5. SINDURÊJA, INGGIH JAYADRATA PÊJAH DENING ARJUNA.

Anuntên byar raintên, arame swaraning kêndhang, gong, bèri. Gongipun Prabu Krêsna ingkang nama pun Panjajanya katabuh angungkung, swaranipun kados dumugi ing suralaya. Para ratu ingkang sampun sami ngalêmpak sabalanipun, tiningalan kados sagantên. Anuntên barising Korawa mêdal, agêngipun anglangkungi, kados upaminipun sagantên pasang. Gêlaripun taksih cakrabyuha, kados ingkang sampun kalampahan. Amung ingkang wontên ing kiping sanès. Wondening Sindurêja botên tumut mêdal pêrang, dipun rêksa dening para Korawa.

Korawa sampun angrakit gêlar cakrabyuha, alanging baris sapaningal. Ujuripun sadasa paningal. Kandêling baris mantri pêpilihan punapadene prajurit ingkang kêndêl-kêndêl sarta sêkti-sêkti sapaningal. Anuntên Pandhawa animbangi nata gêlar cakrabyuha. Drusthajumêna ngênggèni kiping têngên, Wrêkodara wontên ing kiping kiwa, Dananjaya wontên ing gulu, anitih rata kalihan Prabu Krêsna. Wondening rata punika kagunganipun Prabu Krêsna, apangirid kapal sakawan. Ingkang ngajêng anama Ciptawêlaha kalihan Abrapuspa, ingkang wingking anama Sukantha kalihan Senasêkti.

Para dewa mirêng ungêlipun gangsa kang anama pancajannya, [pancajan...]

--- [53] ---

106_53
... Radèn Burisrawa, majêng nitih rata, badhe malês risaking gêlaripun

--- 54 ---

[...nya,] sami aningali wontên ing ngawang-awang sarta anjawahakên wêwangi. Mênggah gangsa ingkang nama pun Dewadênta wontên ing wingking. Baris Pandhawa mêdal kapurunanipun, awit saking mirêng ungêlipun gangsa kêkalih wau. Panêrakipun kados danawa rêbatan daging, gêlaring Korawa dhadhal, botên kuwawi anadhahi pangamukipun barising Pandhawa.

Anuntên rajaputra ing Mandaraka, anama Radèn Burisrawa, majêng nitih rata, badhe malês risaking gêlaripun. Sêsumbaripun: "Hèh, Sêtyaki, ngêndi ênggonmu kowe, ayo padha ngadu kasêktèn ana ing kene."

Radèn Sêtyaki majêng nitih rata, anudingi Radèn Burisrawa. Wicantênipun: "Hèh, Burisrawa, bêgja bangêt aku, dene kowe kang mapagake pêrangku. Aja kowe ngoncati!"

Sarêng sampun sami ajêng-ajêngan, Radèn Sêtyaki mênthang langkap, anglêpasakên jêmparing, kenging ratanipun Radèn Burisrawa rêmuk, dalasan kusir kapalipun sami pêjah. Burisrawa malumpat, sangêt nêpsunipun, lajêng amênthang langkap anglêpasakên jêmparing, kenging ratanipun Sêtyaki rêmuk. Sêtyaki malumpat, dados sami pêrang dharat kemawon. Sami ambucal langkap, anyandhak gada kalih-kalihipun. Lajêng rame agada-ginada. Sarêng gada kêkalih tugêl sami dipun bucal. Lajêng udrêg dêdêl-dinêdêl, bucal-binucal. Sarèhning Sêtyaki kawon agêng inggil, kangelan anggènipun andugang mêngsahipun. Wusana dhawah kalumah, dipun idak-idak dhatêng Burisrawa, ngantos mèh pêdhot napasipun. Sarêng Sêtyaki badhe dipun suduk, Prabu Krêsna angandika dhumatêng Dananjaya: "Enggal Si Burisrawa panahên baune kang sisih, supaya uwala olèhe anjambak Si Sêtyaki."

Dananjaya lajêng anglêpasakên jêmparing, kenging baunipun Burisrawa tugêl. Burisrawa kagèt, asêru wicantênipun: "Hèh, Pandhawa rusuh, tangkêbmu cidra."

Radèn Dananjaya amangsuli: "Pandhawa ora cidra, mung nimbangi lakuning Korawa, awit patine Si Abimanyu biyèn iya kêna ing cidra."

Radèn Sêtyaki sarêng aningali Burisrawa tugêl baunipun, lajêng nyandhak jêmparing, Burisrawa dipun jêmparing kenging gulunipun tugêl lajêng pêjah.

--- 55 ---

Gumuruh surakipun bala Pandhawa. Korawa sarêng aningali Buriswara pêjah, sami ngangsêg sumêja amalês ing pêjahipun Radèn Burisrawa. Pintên-pintên jêmparing ingkang dipun lêpasakên, ngantos kados jawah. Pangamukipun Radèn Dananjaya angobrak-abrik. Wrêkodara, Drusthajumêna, Gathutkaca, Nakula, Sadewa sabalanipun sami anarajang. Korawa kuwalahên sami mundur, mèh dumugi ing panggenanipun Sindurêja. Wontên ing ngriku sami kandhêg plajêngipun, amêpêti margi ingkang dhatêng panggenanipun Sindurêja. Anglêpasakên jêmparing kathah, amurih mangsulakên ing pangamukipun Radèn Dananjaya utawi Pandhawa ingkang sêkti-sêkti.

Wrêkodara nyèlèhakên langkap, nyandhak gada anarajang. Pintên-pintên Korawa ingkang pêjah sami anggêlasah, amargi dipun amuk ing gada dhatêng Radèn Wrêkodara. Gêlar cakrabyuha ngantos risak.

Pangamukipun Radèn Dananjaya kalihan jêmparing, kêthèn ingkang andhawahi mêngsah. Wondening panarajangipun Korawa saking kathahipun kados sulung, ambêlasah ingkang pêjah dening gada. Kathah para dipati ingkang pêjah, sarta ingkang rêmuk rata tuwin gajahipun, awit kaamuk dhumatêng Radèn Wrêkodara. Tandangipun kados gajah sèwu mêta. Pundi ingkang dipun têrak tumpês. Baris ingkang ngamping-ampingi panggenanipun Sindurêja mèh tipis, bala Pandhawa tansah angangsêg anarajang, ngantos kangelan anggènipun rumêksa dhumatêng Sindurêja wau. Anuntên Korawa sami amrayogèkakên, Prabu Duryudana kondura ngungsi dhumatêng kitha. Namung Bagawan Sêmpani ingkang botên angrêmbagi, taksiha wontên ing paprangan, karêksa dening baris. Bilih ngantos sêsingidan, ciptanipun nistha, sarta botên anêtêpi kasatriyanipun. Bagawan Sêmpani anjungkung ing sêmadi, supados ingkang putra kang nama Radèn Sindurêja lêpata ing pêjah salêbêting pêrang Bratayuda. Wondening pamujinipun, sagêda anyipta warni satus, ingkang kados Radèn Sindurêja. Sampun ngantos kenging Sindurêja ingkang sayêktosipun. Kasupèn yèn ingkang momong ing Pandhawa Prabu Krêsna, botên kenging kêkilapan. Wontêna warni satus ingkang Sindurêja sulap.

--- 56 ---

amêsthi sumêrêp Sindurêja ingkang sayêktosipun. Sayêktosipun Bathara Krêsna botên kenging dipun dorani.

Radèn Dananjaya sayah anggènipun amêmêjahi para bupati tuwin prajurit. Angantos têlas saara-ara, ing wingking sangsaya ambrubul botên karaos kalonging prajurit, kang pêjah akêthèn. Ingkang punika Sang Prabu Krêsna maras ing galih, awit dening surya sampun gumiwang, Sindurêja dèrèng kapanggih, kinubêng ing gêgaman. Enggal srêngenge tinutupan ing cakra, dipun anggang-anggang, dados sulakipun sumirat jêne. Lajêng dipun têtêpakên cakranipun, pêtêng kados sêrap ing sayêktosipun. Kang sarta Bathara Krêsna apêparentah dhatêng Pandhawa, kapurih akalêmpaka kajêng. Sarêng kajêng sampun ngalêmpak, lajêng kabêsmi, andados latunipun.

Unduring pêrang Pandhawa sami ngumpul, sairib kados anjênêngi obongipun Radèn Dananjaya.

Sindurêja lêpat ing pêjah bilih sampun kasêrapan surya. Sampun kawartos yèn Radèn Dananjaya badhe obong. Korawa sami bingah-bingah aningali, botên sumêrêp yèn reka pagunanipun Prabu Krêsna. Srêngenge dipun tutupi cakra. Sangêt anggènipun sami suka-suka, asurak-surak gumêrah, alokipun: "Yèn Dananjaya mati, Pandhawa ilang pamuke. Sing kari prasasat cêcindhil, mung kari anggêtak bae. Wrêkodara tandange pêrang kaku, ora julig kaya Si Dananjaya."

Kala samantên Radèn Sindurêja tumut aningali, wêdalipun saking gêdhong ingkang karêksa ing baris, kados pratingkahing pandung. Prabu Krêsna sumêrêp sasolahipun Radèn Sindurêja, angandika dhumatêng Radèn Dananjaya sarwi andêdahakên: "Kae Si Sindurêja têka, uculana panahmu Si Pasopati dienggal, mbokmanawa kasêlak wêruh!"

Radèn Dananjaya ngungak-ungak, matur dhumatêng Prabu Krêsna: "Panêmbahan, panggenanipun Sindurêja wontên ing pundi?"

Prabu Krêsna lajêng nyènèng langkapipun Radèn Dananjaya sarta andêdahakên panggenanipun Sindurêja, pangandikanipun: "Kae apa, mara panahên dienggal."

Radèn Dananjaya jinjit, sampun sumêrêp dhatêng Sindurja, [Sindur...]

--- [57] ---

106_57
Sindurja kenging gulunipun tugêl lajêng pêjah

--- 58 ---

[...ja,] lêjanglajêng dipun lêpasi jêmparing, ingkang nama Pasopati. Sindurêja kenging gulunipun tugêl, lajêng pêjah. Anuntên Prabu Krêsna ngandika dhumatêng Radèn Dananjaya: "Endhase Si Sindurja uncalna mênyang ênggone wong tuwane, isarat panahmu Sarutama."

Radèn Dananjaya lajêng mênthang langkap, anglêpasakên jêmparing pun Sarutama. Sirahipun Radèn Sindurêja katut kabêkta ing jêmparing, dhawah ing ngarsanipun ingkang rama.

Bagawan Sêmpani pinuju sawêg sêmadi, wondene ingkang dipun têtêdha salêbêting puji, ingkang putra unggula ing pêrangipun, sampun ngantos mêngsah sagêd amêjahi Sindurêja ingkang sayêktosipun, amunga ingkang sulap kemawon. Dene yèn malês ing mêngsahipun ambilaènana, mêngsaha sadasa utawi satus sarênga pêjahipun. Anuntên sirahing putra dhawah ing ngarsanipun, dipun candhak dhumatêng Bagawan Sêmpani, sêbutipun akalihan nangis: "Dhuh, anakku mati, yagene kowe têka nganti mati ing pêrang Bratayuta? Dêlêngên aku, lagi mêmuja anênêdha unggule pêrangmu."

Sasêraping srêngenge, sakathahing baris sami mundur dhatêng ing pasanggrahanipun piyambak-piyambak. Prabu Druyudana muwun, pangandikanipun dhatêng Druna: "Kadipundi karêp andika, paman, ing sapatine satriya loro, pun Burisrawa karo pun Sindurja, prasasat kaicalan bau têngên lan bau kiwa, napa kang digawe pêpulih."

Anggènipun ngandika makatên punika kalihan kasêsêgan, kang sarta angrêrêpa. Wondening ingkang panuju wontên ing ngajêngan: Salya, Karna, Sêngkuni, Karpa. Tumuntên angandika malih: "Kadospundi pratingkah puniki, mênggah karsane paman Druna kadospundi, sadulur kula kathah kang pêjah; Si Citradarma, Citrayuda, Upacitra, Carucitra, Jayasusena, Rekadurjaya, Darmajati, Suradurma, Angsaangsa, Citraksi, ing sapunika sami pêjah dening Wrêkodara, kang sarta pangamuke Arjuna, anglangkungi ing prihatin kula, napa kang digawe pêpulih?"

Druna awicantên sêru: "Sapa amapagna pêrange Arjuna, saking gêdhene sihe Hyang Bathara Guru? Sapa bisa anadhahi

--- 59 ---

pangamuke Wrêkodara, sapa kêlar nyêmbadani pêrange prabu ing Wiratha, lan sapa kêlar nadhahi pangamuke prabu ing Cêmpala? Lah ana manèh, sapa bisa nulak pagunane Prabu Krêsna? Wong gêdhe kang limang iji iku, apa sing digawe nadhahi pêrange?"

Sang Prabu Duryudana lajêng angandika dhumatêng Prabu Ngawangga: "Hèh, andika benjing enjing kang mapagna pêrange pun Arjuna lan Wrêkodara, nanging anyuwuna parentahipun Sang Pandhita Druna."

Aturipun Prabu Karna: "Inggih, benjing enjing kula ingkang amêthukakên pêrangipun."

Sakalangkung bingah Sang Pandhita Druna.

6. GATHUTKACA MÊTHUKAKÊN DIPATI KARNA, TIWAS.

Enjingipun têtêngêring pêrang mungêl. Korawa ambrubul andalidir, saking ing pasanggrahanipun piyambak-piyambak, kados banjiring sagantên.

Sang Prabu Yudhisthira sampun mêdalakên bala, gêlar taksih kados ingkang wau. Sarêng majêng, kados tumpuking sagantên. Sarêng gulêt pêrang tanpa petangan. Sami bujêng-binujêng, dêdêl-dinêdêl arêbut ngangkah pêjah, kuwêl kang prajurit. Ramening swara botên kantênan, bala asilih ukih. Ingkang dhatêng sangsaya kathah. Wrêkodara, Dananjaya pangamukipun angorak-arik. Nglêpasakên jêmparing, wêdalipun amradini. Wrêkodara nglêpasakên Bargawastra, Prabu Yudhisthira angrikatakên gajahipun. Kalantur saking ramening pêrang, ngantos sêraping srêngenge dèrèng wontên bibar. Ngantos kados ampuhan amor dados satunggil. Riwut gulêt wontên ingkang ngundang-ngundang: "Aku rewangmu." Sawênèh ingkang wêwartos namanipun: "Aku wong ing Cêmpala." Wontên ingkang angangkênangakên tiyang ing Wiratha, tiyang ing Dwarawati, wênèh tiyang Ngastina utawi tiyang ing Sabrang, ambantu tiyang Ngastina, punapadene tiyang ing Mandraka tuwin ing Ngawanggapati, kathah ingkang mastani nagarinipun piyambak-piyambak.

Anuntên para satriya utawi para mantri kang pêpilihan, para ratu tuwin bupati ingkang anitih rata utawi gajah, oboripun

--- 60 ---

sami dhatêng, abra kados jawah latu, amêwahi ambranang satêngahing paprangan. Ubêkan kapal gajah, sarta ingkang nitih rata wangsul dhatêng panggenanipun. Bala kados dipun pilihi, wangsul dhatêng panggenanipun piyambak-piyambak.

Amiwiti pêrang malih, taksih pêpak ingkang para ratu, punapadene sawarnining para ratu sêsuruhan. Majêng saking panggenanipun piyambak-piyambak. Panêmpuhing pêrang, surak sakalangkung rame, Wrêkodara pangamukipun anêngah, amung milih ingkang para dipati, ingkang sami nitih gajah utawi rata, punika ingkang dipun trajang. Dipun gada kathah pêjah pating sulayah. Punapadene Radèn Dananjaya, anglêpasakên jêmparing dibya.

Punggawanipun Prabu Karna ingkang sinakti, anama Druwajaya, majêng anitih rata, pilih kang kuwawi nadhahi pêrangipun. Punika angundha gada, kathah prajurit ingkang pêjah dipun amuk Druwajaya wau. Lajêng dipun trajang dhumatêng Wrêkodara. Punika Druwajaya pêjahipun. Anuntên dhatênge pangamuke anêngah Radèn Sêtyaki, sangêt nêpsu pêrangipun. Kathah bupati ingkang pêjah, punapadene para raja ingkang dhadhal saking pangamukipun. Saking riwuting nêpsunipun Radèn Sêtyaki, ngantos adamêl bingunging mêngsah. Anuntên Partipeya majêng amêthukakên pêrangipun. Lajêng mênthang langkap anglêpasakên jêmparing, kenging jajanipun Sêtyaki botên pasah nanging kontal, katut kabêkta ing jêmparing, dhawah kantêb. Anuntên putranipun Radèn Sêtyaki, anama Radèn Sanga-sanga enggal majêng, amêthukakên pangamukipun Partipeya. Rame jêmparing-jinêmparing, botên wontên ingkang anêdhasi. Lajêng rukêt angabên karosan. Sami ing kasêktènipun. Dumugi ing sakajêng-kajêng. Arame dipun suraki, kados tiyang angabên sawung, rêmên ingkang sami aningali, dene sami ing prawiranipun.

Anuntên Radèn Wrêkodara dhatêng, atêtulung dhumatêng Radèn Sanga-sanga. Partipeya dipun lêpasi jêmparing, kenging jajanipun dhawah kantêb. Karaos sakit, sangêt ing nêpsunipun. Sumêrêp yèn Radèn Wrêkodara ingkang anjêmparing, lajêng malês anjêmparing. Wrêkodara kenging baunipun kiwa, kagèt lajêng anyèlèhakên Bargawastra, anyandhak gada majêng. Radèn Partipeya dipun gada rêmuk sarêng kalihan

--- 61 ---

ratanipun. Ing ngriku pêjahipun Partipeya dening Radèn Wrêkodara.

Anuntên anakipun Partipeya enggal badhe pêpulih pêjahing bapa. Radèn Wrêkodara dipun karubut, adangu rame pêrangipun. Wêkasan anakipun Partipeya pêjah dipun gada dhatêng Radèn Wrêkodara. Punggawanipun adipati ing Ngawangga, anama Drêstarata majêng. Inggih pêjah dipun gada dhatêng Radèn Wrêkodara, rêmuk saratanipun. Wrêkodara sangêt ing pangamukipun, sintên ingkang majêng dipun gada. Akathah prajurit pêpilihan ingkang pêjah dening pangamukipun.

Anuntên adhinipun Sangkuni kêkalih majêng, anama Anggajaksa kalih Sarabasanta, angirid prajurit salêksa, angroyok Radèn Wrêkodara. Botên kèwêdan dipun karubut ing pêrang. Lajêng wiwit anglêpasakên Bargawastra, kathah prajurit ingkang pêjah dening jêmparingipun. Sangsaya riwut pangamukipun Radèn Wrêkodara, pundi baris ingkang katêrak, tumpês.

Anuntên Radèn Anggajaksa kalih Radèn Sarabasanta sami anglêpasakên jêmparing, angêbut Radèn Wrêkodara. Sarêng dipun walês kajêmparing, Radèn Anggajaksa pêjah. Ingkang raka anama Sarabasanta wau apêpulih, inggih pêjah dipun jêmparing dhatêng Radèn Wrêkodara.

Sapêjahe adhinipun Sangkuni kêkalih, Korawa sami alit manahipun. Prabu Suyudana angrêrêpa, pangandikanipun dhatêng Adipati Ngawangga: "Adhi para, papagna pangamuke Wrêkodara, Dananjaya kang sarta Sêtyaki."

Adipati Ngawangga enggal ngadêg. Aturipun: "Sampun sumêlang ing galih, amêsthi ing dintên punika pêjahipun Sena akalihan Dananjaya. Kula ingkang mêthukakên, botên mawi kanthi."

Sakèndêlipun Adipati Ngawangga ngandika sagah amêjahi Bima kalihan Parta, lajêng Karpa awicantên: "Hèh, Suryaputra, kowe iku yèn calathu kaya dudu wong bêcik, ora patut dirungokake para satriya. Aku arêp wêruh bae nyatane calathumu iku. Wrêkodara lan Dananjaya ora patut yèn kasoran dening wong kang kaya kowe. Yèn ana kêmrêki asêsungut, apadene [apa...]

--- 62 ---

[...dene] keyong bisa calathu, iku mbokmanawa kalakon calathamu mau. Dudu satriya yèn maloto ora ana sing diisini."

Adipati Ngawangga sangêt nêpsu, mirêngakên wicantênipun Karpa. Enggal nyandhak candrasa, Karpa badhe dipun jêmparing. Anuntên Aswatama nêpsu, ningali pamanipun badhe dipun jêmparing, enggal mênthang langkap. Wicantênipun: "Hèh, Suryaputra, aku tandhingmu."

Anuntên Prabu Suyudana nyandhak dhatêng Aswatama, kang sarta dipun arih-arih. Pangandikanipun: "Aja mangkono sira." Sang prabu lajêng dhêdhawah dhatêng Karna majêng ing paprangan. Suryaputra enggal nitih rata, majêng anêngah ing paprangan. Anglêpasakên jêmparing pintên-pintên ingkang mêdal amradini. Bala Pandhawa bibar, gègèr kadhawuhan jêmparing. Kathah ingkang tatu. Prabu Yudhisthira gugup, botên alon pangandikanipun dhatêng Radèn Dananjaya: "Kapriye, dene kowe ora mapagake pangamuke Suryaputra? Balamu padha kaplayu, akèh kang kêna ing panahe Karna. Para satriya padha wêdi, palayune ora nolih-nolih. Mara ta wiwitana, panahên Suryaputra di mati! Apa ta ora parêng lan karsane kakang prabu ing Dwarawati?"

Radèn Dananjaya majêng matur dhumatêng Prabu Krêsna: "Panêmbahan, kadospundi ingkang dados karsa dalêm, mênggah pangamukipun Suryaputra, sintên ingkang kakarsakna amêthukna?"

Prabu Krêsna alon ngandika: "Durung mangsane yèn kowe kang mapagna pêrange Suryaputra, prayogane Si Gathutkaca kang mapagna, bisa pêrang agal-alus."

Enggal Radèn Dananjaya animbali Radèn Gathutkaca, pangandikanipun: "Kulup, kowe andikakake mapagake pêrange Suryaputra."

Radèn Gathutkaca lajêng andhèrèk ingkang paman, sowan ing ngarsanipun Prabu Krêsna. Sasampune nyêmbah, Gathutkaca matur: "Pukulun ingkang pinundhi ing kathah, kawula punika bêgja sangêt, kakarsakakên anglampahi karsa dalêm."

Radèn Dananjaya anyambungi alon: "Kawruhana wêwekane wong arêbut kasêktèn: sabudine katandhingan mungguhing kadigdayane, amurih ngungkuli kaprawirane, sanajan agalalus. [agal...]

--- [63] ---

106_63
Radèn Gathutkaca tansah sêsumbar saking ing ngawang-awang

--- 64 ---

[...alus.] Gêlare Karna, olèhe angarah kasêktèn, mangsa kowe ulapa."

Prabu Krêsna angandika alon: "Iya, kulup tadhahana uwakmu, awit saka ing parentahku!"

Radèn Gathutkaca nyêmbah: "Sinuhun, inggih sandika. Yèn saking timbalan dalêm, sanajan dumugia ing pêjah botên mawi kumêdhèp. Sampun ingkang ndikakakên punika, sanajan langkunga saking sêkti Adipati Karna, amêsthi kawula botên wigih. Sêmbah kawula ingkang sayêkti katura ing panjênêngan dalêm, dados jimat kaidèn dhumatêng ing pêjah, kang sarta dadosa jimat ambilaèni mêngsah. Yèn kawula pêjah ing pêrang, ingkang mugi panjênêngan dalêm prênahêna kamulyaning swargan. Kawula botên gadhah cipta gêsang, amargi pun uwa ing Ngawangga anglangkungi sêkti."

Sang Prabu Krêsna kumêpyur salêbêting galih, ing batos langkung kaduwung, lêpating ing pangatag. Awêlas, sangêt gêtuning galih. Radèn Dananjaya aningali dhatêng Sang Prabu Krêsna, tingale sangêt kaduwung, kuwur, sangêt wêlas ningali ingkang putra Radèn Gathutkaca, dene taksih sangêt lare. Sadaya sami angrêdatos.

Radèn Gathutkaca lajêng mêdal, muluk ing ngawang-awang, mapagakên pangamukipun adipati ing Ngawangga. Lajêng pêrang rame ing wanci dalu.

Satêngahing pêrang, wontên danawa dhatêng anarombol ing pêrang. Kathahipun sakawan, anama Lêmbusana, kalih Salêmbana, tiga Kalasrênggi, sakawan Kalagasura. Sami ambêkta bala kathah, amêthukakên pêrangipun Radèn Gathutkaca. Danawa sakawan wau sami pêjah, dipun untir gulunipun dhatêng Radèn Gathutkaca.

Radèn Gathutkaca sabalanipun sangsaya wuru pangamukipun. Balanipun dipati ing Ngawangga sami giris. Dipun jawahi ing jêmparing dhatêng Radèn Gathutkaca saking ing ngawang-awang. Jêmparingipun Radèn Gathutkaca wau mêdal saking tutuk, sarta saking asta tuwin saking dêlamakan.

Adipati ing Ngawangga giris aningali balanipun kathah ingkang pêjah, malês anglêpasakên jêmparing dhatêng ing ngawang-awang, nanging sami cupêt. Sangsaya andadosakên ajrih sarta kêkêsing galihipun. Radèn Gathukaca tansah sêsumbar saking

--- 65 ---

ing ngawang-awang. Adipati ing Ngawangga gugup ing solahipun, mirêng swaranipun Radèn Gathutkaca, kados galudhug. Enggal nyandhal jêmparing anama Kunta, dipun lêpasakên manginggil.

Radèn Gathutkaca kenging pusêripun, jêmparing lajêng manjing. Adipati ing Ngawangga sabalanipun sami sumêrêp, yèn Radèn Gathutkaca kêtaton, sami alok Gathutkaca kêtaton, katawis saking dêrêsing rah.

Kalanipun Radèn Gathutkaca kêtaton, anggadhahi cipta yèn badhe pêjah, lajêng anjog sumêdya pêjah sampyuh kalihan ingkang uwa. Adipati ing Ngawangga tangginas lumumpat saking rata, Radèn Gathutkaca lajêng angêbruki rata. Rata rêmuk sakusir kapalipun.

Sarêng Korawa aningali yèn Radèn Gathutkaca pêjah, sami surak gumêrah. Pandhawa sami dhêdhêp sarta anangis. Botên dangu lajêng sami ambyuk mangsah ing pêrang. Prabu Yudhisthira sarta Radèn Dananjaya angamuk ambudi pêjah. Radèn Wrêkodara sarêng mirêng yèn ingkang putra pêjah, lajêng ngamuk liwung sarwi angusapi êluh. Gadanipun mobat-mabit, kathah para dipati tuwin satriya Korawa ingkang pêjah.

Druna angabani Korawa makantukakên gêlar. Arame pêrangipun ing sadalu, wusana kasapih saking sami aripipun.

Kacariyos ibunipun Radèn Gathutkaca, anama Dèwi Arimbi, sumêdya obong ambelani ingkang putra. Lajêng pamit dhatêng ingkang raka sarta para sadhèrèkipun sadaya. Sarêng sampun kalilan, lajêng amurugi layonipun ingkang putra wontên ing paprangan. Sadhatêngipun ing ngriku, lajêng dipun obong sarêng kalihan layonipun ingkang putra.

7. DURNA KENGING APUS. DURSASANA PÊJAH KAODHÈT-ODHÈT DENING WRÊKODARA.

Enjingipun lajêng sami nabuh têngaraning pêrang, sami anata barisipun piyambak-piyambak. Ingkang dados senapatining Korawa taksih Pandhita Durna. Wondening senapatining Pandhawa, Radèn Drusthajumêna, lajêng sami ngabani bala mangsah ing pêrang.

--- [66] ---

106_66
Druna lajêng sumaput, andhawah gumalundhung wontên salêbêting rata

--- 67 ---

Druna kinarubut ing para prajurit Pandhawa, sami anjêmparingi, nanging botên pasah. Prabu Krêsna lajêng amangsit dhatêng Radèn Wrêkodara, kapurih amêjahana mêngsah ratu ing Malawapati, sarta gajahipun ingkang nama Aswatama. Wrêkodara enggal lumumpat, mangsah anggada ratu ing Malawapati, ajur sagajahipun kadhawahan gada.

Wrêkodara lajêng alok: "Aswatawa mati", sarta para Pandhawa inggih alok makatên.

Druna sarêng mirêng alok wau, sangêt ing kagètipun sarta nangis. Anyana putranipun ingkang pêjah, awit putranipun anama Aswatama. Lajêng marêpêki badhe pitakèn dhatêng Wrêkodara tuwin Janaka, nanging sampun sami dipun wangsit dhatêng Prabu Krêsna, kapurih sami doraa. Namung Prabu Yudhisthira ingkang dèrèng purun. Wangsulanipun dhatêng Prabu Krêsna: "Kakang prabu, kula botên purun wicantên dora, ingkang mawi salami kula gêsang dèrèng nate dora. Kaping kalihipun Pandhita Druna punika guru kula, dados sangsaya sangêt ajrih kula yèn doraa."

Prabu Krêsna ngandika malih: "Yayi prabu ngandika makatên kemawon: èsthi Aswatama pêjah."

Anuntên Druna dhatêng ngarsanipun Prabu Yudhisthira, sarta anitih rata, lajêng pitakèn. Wangsulanipun Prabu Yudhistira: "Èsthi Aswatama pêjah."

Pamirêngipun Druna: pasthi Aswatama pêjah. Druna lajêng sumaput, andhawah gumalundhung wontên salêbêting rata. Para dewa gumuruh ing ngawang-awang, sami angêlokakên Druna mati. Radèn Drusthajumêna enggal amurugi, angêthok mastakanipun Druna, dipun damêl onclang, lajêng kasawatakên dhatêng panggenaning mêngsah. Prabu Suyudana kagèt kadhawahan sirah, enggal lumajêng, bala Korawa larut sadaya.

Radèn Aswatama pitakèn: "Hèh, wong Korawa, yagene dene padha lumayu?"

Karpa amangsuli: "Hèh, Aswatama, yèn kowe ora wêruh, bapakmu ing samêngko wis mati, dikêthok gulune marang Radèn Drusthajumêna."

--- 68 ---

Radèn Aswatama sarêng mirêng ingkang rama pêjah, sangêt ing nêpsunipun. Lajêng umangsah anglêpasakên jêmparing latu, agêngipun sarêdi alit. Bala Pandhawa giris, botên wontên nyipta gêsang.

Radèn Janaka dipun dhawahi dhatêng Prabu Yudhisthira, kapurih amêthukna pêrangipun Aswatama. Sang nata sarwi amuwuni gurunipun kang nama Druna wau.

Prabu Krêsna lajêng parentah dhatêng bala Pandhawa, andikakakên sami dharat sadaya, sabab jêmparing latu wau botên purun ambêsmi tiyang ingkang dharat.

Anuntên Wrêkodara dipun kèn mêthukakên latu dhatêng Prabu Krêsna, sarta numpaka rata. Wrêkodara ênggal majêng anitih rata.

Sarêng Radèn Janaka ningali yèn ingkang raka badhe kabêsmi, enggal anglêpasakên jêmparing, latu lajêng ical sami sakêdhap. Radèn Aswatama wau lajêng mundur, saha sangêt ing lingsêmipun, sumêdya tapa malih, supados wêwaha kasaktènipun.

Bala Korawa sarta Pandhawa kasaput ing dalu, lajêng sami mundur.

Prabu Suyudana ing dalu pirêmbagan kalihan para ratu. Kênthêling rêmbag, Prabu Karna ing Ngawangga ingkang kadadosakên senapati. Prabu Suyudana angêbang badhe amasrahi ing Ngastina. Prabu Karna inggih sampun anyangahi, anumpês Pandhawa sami sadintên.

Kacariyos Prabu Karna wau sakalangkung wantêr sarta sakti, abagus warnanipun, saha kagungan jêmparing anama Wijayadanu. Punapa ing saciptanipun ingkang gadhah, Wijayadanu inggih dados.

Prabu Suyudana sakalangkung suka, amirêngakên kasagahanipun Karna. Lajêng angganjar pangangge kang sae-sae dhatêng Prabu Karna sabalanipun waradin. nanging balanipun sadaya sami susah. Tuwin garwanipun inggih sangêt susah, amargi sampun kathah dalajatipun, amratandhani yèn Prabu Karna badhe kasoran pêrangipun.

--- 69 ---

Kocap Pandhawa, Prabu Dwarawati saha Yudhisthira tuwin Janaka. Ing dalu sami tindak dhatêng ing papan paprangan, angupadosi layonipun Druna tuwin Bisma. Sarêng sampun kapanggih, lajêng sami kabêsmi. Sasirêping latu, wontên swara, asanjang yèn Pandhawa badhe mênang ing pêrangipun.

Prabu Krêsna, Yudhisthira, sarta Janaka, lajêng sami kondur masanggrahan. Enjingipun lajêng sami anabuh têngaraning pêrang. Sarêng sampun sami tata barisipun, lajêng sami amêdali ing pêrang.

Ing sadintên punika Pandhawa kalihan Korawa kathah ingkang pêjah. Bibar kasaput ing dalu.

Ing dalu Prabu Suyudana sami pirêmbagan akalihan para ratu: Salya, Karna, sami wontên ing ngarsa. Prabu Karna anyuwun kusir dhatêng Prabu Suyudana. Wondêning ingkang dipun suwun Prabu Salya ing Mandaraka, supados timbanga akalihan kusiripun Radèn Janaka. Aturipun Prabu Karna, yèn Prabu Salya kaparingakên dados kusir, dipun kintên Pandhawa tumpês ing sadintên benjing enjing dening jêmparingipun ingkang nama Wijayadanu.

Prabu Salya sarêng midhangêt aturipun Karna, sangêt dukanipun. Prabu Suyudana enggal angrêrêpa, anyêmbah sarta anangis, amêmêlas aturipun dhatêng ingkang marasêpuh, kaaturan nuruti panyuwunipun Karna.

Prabu Salya dangu-dangu sarèh dukanipun, wêlas aningali mantunipun, wusana anyagahi dados kusir.

Kocap Pandhawa sami pirêmbagan. Krêsna ngandika dhatêng Radèn Janaka: "Ing sadina sesuk kowe kang dadia senapati, anganggoa gêlar Ardacandra, sarta kowe dingati-ati. Yèn kowe kurang pangati-ati, bakal dadi bilaine awakmu, karana Si Karna luwih sêktine.

Arjuna matur sandika.

Enjingipun sami nabuh têngaraning pêrang. Para ratu akalihan para dipati sami anata baris angrakit gêlar. Ingkang sami nitih rata tuwin gajah saha kapal sampun sami mirantos. Prabu Karna nitih rata, sarta aningali mêngsahipun, ambêlabar kados sagantên. Karna sakalangkung suka saha matur dhatêng

--- 70 ---

kusiripun: "Rama prabu, barisipun Pandhawa anglangkungi kathahipun. Ingkang wontên ing pinggir botên katingal, nanging mangke sakêdhap kemawon tumpês sadaya dening jêmparing Wijayadanu."

Prabu Salya sarêng mirêng sangêt ewa, sarta amajanani wangsulanipun:"Hèh, Karna, kiraku kowe ora bisa anumpês Pandhawa, kowe dak upamakake iwak mêntah, Pandhawa kang bakal angolah, ing sakarêp-karêpe iya dadi."

Karna sarêng midhangêt sangêt ing wirangipun sarta nêpsu, akèn ngajêngakaênngajêngakên rata sarta mênthang gandhewa. Korawa sarêng aningali senapatinipun majêng, lajêng ambyuk mangsah ing pêrang. Pandhawa anadhahi. Ramening pêrang kados alun anêmpuh rêdi. Korawa wêwah ing kakêndêlanipun amargi ningali senapatinipun sakalangkung kêndêl sarta sakti, dhasar bagus warninipun. Jêmparingipun Karna ambarubul wêdalipun saking gandhewa, ngêbêki ing paprangan. Bala Pandhawa kathah ingkang pêjah, ratanipun Karna ngalojok anglancangi bala, kaidak purun. Korawa anuruti angrubut mêngsah.

Bala Pandhawa bibrah tatanipun, giris aningali tandangipun Karna saha kawus kala pêjahipun Gathutkaca dening Suryaputra. Bala Pandhawa lajêng larut. Radèn Nakula, Yuyutsuh, Drusthajumêna, ratanipun sami rêmuk, dipun jêmparing dhatêng Karna. Nuntên sami lumajêng.

Prabu Yudhisthira, Arjuna, Wrêkodara, enggal sami anulungi, mêthukakên pangamukipun Karna sarta sami nglêpasi jêmparing. Bala Korawa kathah ingkang pêjah, kandhêg ratanipun Karna, lajêng sami pêrang ijèn-ijenan, ajêmparing-jinêmparing.

Prabu Suyudana dipun jêmparing dhatêng Wrêkodara dhawah kalumah, nanging botên pasah, lajêng andhêlik wontên wingkingipun ing baris. Radèn Wrêsasena, putranipun Prabu Karna, pêjah dening Radèn Sêtyaki. Prabu Suyudana kapanggih kalihan Wrêkodara, lajêng dipun jêmparing dhatêng Wrêkodara, kenging kêndhêngipun pêdhot, anuntên lumajêng. Radèn Dursasana, ingkang rayi Prabu Suyudana, enggal angalingi ingkang raka, amêthukakên Wrêkodara, sarta nitih gajah, anglêpasi jêmparing anama Barla. Wrêkodara kenging jajanipun, dhawah [dha...]

--- [71] ---

106_71
Dursasana rumaos kuwalahên, badhe lumajêng, lajêng dipun jambak rambutipun sarta kasêndhal dhatêng ...

--- 72 ---

[...wah] kabanting, nanging botên pasah. Nuntên tangi anyandhak gada sarta angêsuk. Gajahipun Dursasana dipun gada sirahipun ajur. Dursasana enggal lumumpat dhatêng siti. Nuntên sami gada-ginada. Dursasana rumaos kuwalahan, badhe lumajêng, lajêng dipun jambak rambutipun sarta kasêndhal dhatêng Wrêkodara dhawah kalumah, rambutipun taksih kacêpêng dhatêng Wrêkodara sarta dipun gadani.

Prabu Suyudana sasêdhèrèkipun nulungi, sami anjêmparingi, nanging Wrêkodara botên ajrih. Prabu Yudhisthira sasêntananipun lajêng sami amêthukakên pêrangipun Prabu Suyudana, dados Radèn Wrêkodara wau dipun suraki kemawon saking katêbihan.

Radèn Wrêkodara ing sakajêng-kajêngipun, anggènipun badhe damêl pangewan-ewan dhatêng Dursasana, sarta wicantên sêru anyêluk para dewa tuwin para ratu mêngsah saha Pandhawa sadaya: "Hèh, kabèh padha anêksènana, yèn aku bakal angluwari kaule ipeku kang jênêng Dèwi Drupadi, garwane kakang Prabu Yudhisthira. Iku ora gêlêm gêlungan ing salawase, yèn durung kêramas gêtihe Si Dursasana. Ing mêngko bakal kalakon."

Kacariyos, mila Dèwi Drupadi gadhah kaul makatên, kala sadèrèngipun pêrang Bratayuda, Prabu Yudhisthira sasêdhèrèkipun pinuju sami kesah tapa. Dèwi Drupadi lajêng kaboyong dhatêng nagari ing Ngastina. Wontên ing ngriku dipun pisakit saha kadamêl sawênang-wênang dhatêng Radèn Drusasana.

Kacariyos Radèn Wrêkodara anggènipun damêl pangewan-ewan wau, wêtêngipun Dursasana kabêdhèl, rahipun dipun kokop. Barabeyanipun kaodhèt-odhèt, lajêng dipun awut-awut. Suku sarta tanganipun sinêmpal-sêmpal, lajêng dipun balang-balangakên. Sirahipun kaêjur ing gada. Radèn Wrêkodara lajêng mundur dhatêng ing pasanggrahan sumêdya manggihi Dèwi Drupadi, sarta ambêksa samargi-margi. Prabu Yudhisthira sasêntananipun tuwin ingkang garwa enggal sami mêthuk angurmati, sarta anggunggung dhatêng Wrêkodara. Jenggot sarta brêngosipun Radèn Wrêkodara taksih gupak rah, lajêng dipun pêrês wontên ing mastakanipun Dèwi Drupadi. Ing ngriku luware punaginipun. Pandhawa sami suka, ing sakêdhap punika kèndêl anggènipun pêrang.

--- [73] ---

106_73
... taksih gupak rah, lajêng dipun pêrês wontên ing mastahanipunmastakanipun Dèwi Drupadi

--- 74 ---

8. KARNA PÊRANG KALIHAN ARJUNA, TIWAS. SALYA NGULUNGAKÊN PÊJAHIPUN DHATÊNG PANDHAWA.

Sarêng wanci lingsir kilèn Pandhawa sami gègèr aningali mêngsah dhatêng, ratanipun Karna sampun dumugi satêngahing paprangan, anglancangi balanipun. Bala Korawa sami anututi manêngah.

Prabu Krêsna enggal angatag Arjuna, dipun kèn nitih rata, amêthukakên pêrangipun Karna. Radèn Janaka enggal nitih rata, ingkang ngusiri Prabu Krêsna. Bala Pandhawa sarta Korawa sami anyuraki saking katêbihan kemawon.

Wondening ingkang pêrang amung senapatinipun kemawon sami satunggil, inggih punika ingkang dipun wastani: pêrang Karna tinandhing. Mila dipun wastani makatên, dene warnanipun kêmbar akalihan Radèn Janaka. Sami bagusipun, kêndêl sarta kasêktènipun inggih sami, tuwin kasagêdanipun. Dhasar sadhèrèkipun piyambak, tunggil ibu sanès bapa. Amung pasêmonipun ingkang sanès, Prabu Karna sêmu ladak, Radèn Janaka sêmu luruh. Sarta sami gadhah jêmparing pêparinging dewa. Prabu Karna jêmparingipun anama Wijayadanu, punapa saciptanipun ingkang gadhah, Wijayadanu inggih dados. Radèn Dananjaya jêmparingipun kêkalih, satunggil anama Sarutama, satunggil anama Pasopati, punapa saciptanipun Radèn Dananjaya, jêmparing kêkalih wau inggih dados.

Wondening ingkang dados kusiripun inggih sami ratu agêng: Prabu Salya akalihan Prabu Krêsna. Mila para dewa, para widadari tuwin Pandhawa saha Korawa, ingkang aningali pêrangipun satriya kêkalih wau sami anggadhahi pangeman, yèn pêjaha ing salah satunggil, badhe botên wontên ingkang dipun tingali.

Karna kalihan Arjuna lajêng sami angabên kasêktèn. Ratanipun sami ubêng-ubêngan, sami lêpas-linêpasan jêmparing. Prabu Karna amênthang gandhewa sarta angincêng jêmparingipun. Nuntên kasaru wontên sawêr dhatêng ing ngarsanipun, cumalorot saking ngawang-awang, agêngipun anglangkungi, sagêd wicantên kados tiyang, anama Ardawalika. Matur dhatêng Prabu Karna: yèn badhe amalês ukum dhatêng Arjuna.

Karna amangsuli: "Sakarêpmu ing kana, ênggonmu arêp matèni Si Janaka, aku ora anyênyambat marang kowe!"

--- 75 ---

Radèn Janaka enggal anyandhak jêmparing, lajêng kalêpasakên. Sawêr pun Ardawalika kenging lajêng pêjah, gumêbrug dhawah ing siti.

Prabu Karna anggènipun ngincêng jêmparing wau angangkah jangganipun Radèn Janaka. Prabu Salya sumêrêp, yèn pangincêngipun Prabu Karna wau badhe ambilaèni dhatêng Radèn Dananjaya. Nuntên têtalining kapal dipun tarik, ratanipun lajêng gonjing anyarêngi uculing jêmparing, dados ewah ing pangincêngipun, kapara manginggil. Radèn Janaka makuthanipun timpal kenging jêmparing. Prabu Karna enggal anulungi, angêlus rema sarta anglêrêsakên makuthanipun.

Karna sangêt ing gêtunipun, dene Radèn Janaka botên kenging jangganipun, nanging botên sumêrêp yèn dipun pandamêl dhatêng kusiripun. Prabu Karna nuntên nyandhak jêmparingipun Wijayadanu, sarta kawawas. Ingkang dipun angkah jangganipun Arjuna. Prabu Salya lajêng anggênjot ratanipun, anyarêngi uculing jêmparing. Radèn Dananjaya kenging gêlunganipun tatas.

Janaka sangêt nêpsunipun sarta lingsêm, enggal malês anjêmparing. Kapal pangiriding ratanipun Karna tatas sukunipun sadaya. Radèn Janaka amawas malih jêmparing pun Pasopati. Prabu Karna inggih amawas pun Wijayadanu, sarta dipun mantrani. Nanging karumiyinan dhatêng Radèn Janaka. Prabu Karna tugêl jangganipun, kenging ing jêmparing Pasopati, gumêbrug dhawah salêbêting rata. Bala Pandhawa surak gumêrah. Korawa sami lumajêng. Nuntên sami mundur amargi kasaput ing dalu.

Prabu Suyudana apirêmbagan kalihan Patih Sangkuni, sarta Prabu Salya, tuwin ingkang rayi-rayi ingkang namung kantun kalih dasa, sadaya sampun sami pêjah. Prabu Suyudana matur sarwi anangis dhatêng Prabu Salya, dipun aturi dados senapati, angrêbata nagari ing Ngastina. Wangsulanipun Salya botên purun, sarta angrêmbagi amasrahna nagari Ngastina ingkang sapalih dhatêng Pandhawa. Yèn Pandhawa botên narimah, Salya sagah anumpês.

Aturipun Prabu Suyudana botên parêng, awit sampun

--- [76] ---

106_76
Prabu Karna tugêl jangganipun, kenging jêmparing Pasopati ...

--- 77 ---

kasèp, sarta putra tuwin sadhèrèkipun kathah ingkang sampun sami pêjah. Adangu sami diya-diniya.

Anuntên Radèn Aswatama dhatêng, lajêng wicantên saru, sarta amêlèhakên pratingkahipun Prabu Salya, kalanipun angusiri pêrangipun Karna.

Prabu Salya sangêt dukanipun, lajêng badhe kêrêngan kalihan Aswatama, nuntên kapisah dhatêng Suyudana. Radèn Aswatama katundhung, lajêng kesah atapa dhatêng ing wana.

Prabu Salya sarèh ing dukanipun, wusana anyagahi dados senapati. Prabu Suyudana suka ing galihipun, lajêng angganjar busana kang sae-sae dhatêng bala ing Mandaraka, sadaya waradin.

Sampun misuwur yèn Prabu Salya dados senapati. Antawis kalih dintên kèndêlipun ing pêrang.

Pandhawa sampun sami mirêng, yèn Prabu Salya dados senapatining Korawa, lajêng sami bingung. Prabu Yudhisthira sasêdhèrèkipun sami nêdya asrah pêjah kemawon dhatêng Prabu Salya, awit saking ajrihipun. Dhasar ratu sêpuh saha kapêrnah sêpuh, sarta sakalangkung sêkti, botên wontên purun anadhahana pêrangipun.

Prabu Krêsna lajêng dhawah dhatêng Radèn Nakula, sarta Sadewa, kapurih sowana dhatêng ingkang uwa Prabu Salya, sarta kawulang pratingkahipun yèn sampun dumugi ing ngarsanipun Prabu Salya.

Radèn Nakula sarta Sadewa lajêng mangkat dhatêng ing pasanggrahan Mandaraka, tanpa bala. Sarêng dumugi ing ngriku, Prabu Salya kapanggih wontên ing sanggar pamujan. Radèn Nakula lan Sadewa lajêng angrungkêbi sukunipun ingkang uwa, sarta anangis. Aturipun: "Bilih uwa prabu saèstu dados senapati, botên sande badan kula, saha sadhèrèk kula sadaya, badhe tumpês dening sampeyan, tuwin para ratu Pandhawa sadaya inggih sami ajrih dhatêng kasêktèn sampeyan. Aluwung kula pêjaha ing sapunika kemawon." Radèn Nakula saha Sadewa lajêng sami narik dhuwung, ajêng suduk sarira.

Prabu Salya enggal anyandhak dhuwungipun ingkang putra kalih pisan. Angrangkul sarta amuwun. Pangandikanipun: "Wis aja nangis, sanadyan aku wis katrucut saguh dadi

--- [78] ---

106_78
Radèn Nakula ... lajêng angrungkêbi sukunipun ingkang uwa sarta anangis: "Aluwung kula pêjaha ing sapunika kemawon ...

--- 79 ---

senapati, ing batin bangêt trêsnaku marang kowe, karana aku wis ora duwe anak lanang. Anakku Si Burisrawa lan Si Rukmarata wis padha mati ing pêrang Bratayuda, dadi ing mêngko mung kowe kang wajib duwe nêgaraku ing Mandaraka. Dene wêkasku, sesuk yèn aku maju ing pêrang, kakangmu Si Yudhisthira bae konên mapagake pêrangku, sarta jimate kang aran Kalimasada, iku konên manahake marang aku, amêsthi ing kono patiku. Yèn liya saka ing iku, gêgaman liyane dakkira ora nana kang tumama ing awakku, lan nora nana kang bisa angalahake ajiku Candrabirawa; karana kalane ing biyèn aku matèni maratuwaku aran Bagawan Bagaspati, iku nuli ana swara, ujaring swara: "Hèh, Salya besuk ing pêrang Bratayuda, yèn ana ratu ambêk pandhita, sarta duwe jimat Kalimausada, ing kono aku malês marang kowe." Sarta aku ditinggali aji Candhabiwara.Candhabirawa (dan di tempat lain). Amung wêkasku marang kowe, yèn aku wis mati, nagara ing Mandaraka bae mangsa bodhoa kowe. Wis kowe nuli muliha!"

Radèn Nakula saha Sadewa sangsaya sangêt anggènipun muwun, lajêng pamit mantuk. Samargi-margi botên kèndêl angusapi êluh. Sadhatêngipun ing pasanggrahan, lajêng sowan ingkang raka Prabu Yudhisthira, tuwin Prabu Krêsna, Wrêkodara, Janaka, Radèn Nakula saha Sadewa lajêng matur ing sawêwêlingipun Prabu Salya.

Prabu Yudhisthira sakalihan Arjuna sarêng midhangêt lajêng sami muwun, wêlas dhatêng Prabu Salya.

Prabu Krêsna akalihan Wrêkodara sami gumujêng, sarta anglirik dhatêng Prabu Yudhisthira, sabab salaminipun gêsang, Prabu Yudhisthira punika dèrèng nate duka, saha dèrèng nate anyakitakên manahing tiyang, mangka ing mangke badhe anglampahi mêjahi Prabu Salya.

Kacariyos malih pasanggrahan ing Mandaraka, garwanipun Prabu Salya, anama Dèwi Sêtyawati, anglangkungi ayunipun, sarta prakati, sagêd angladosi kakung, sarta pantês ing salêlewanipun. Sampun patutan gangsal, ingkang jalêr kêkalih, anama Radèn Burisrawa akalihan Rukmarata, nanging sampun sami pêjah ing pêrang Bratayuda. Putranipun èstri tiga, satunggil kagarwa dhatêng Prabu Suyudana, satunggil kagarwa

--- [80] ---

106_80
Prabu Salya lajêng têdhak ing jawi ...

--- 81 ---

ing Prabu Karna, satunggilipun kagarwa ing Prabu Baladewa ing Mandura.

Ing sapêngkêripun Radèn Nakula sarta Sadewa, Dèwi Sêtyawati sangêt anggènipun muwun, anêtah dhatêng ingkang raka, dene ambêlakakên isarat ingkang badhe adamêl ing sedanipun, botên angowêl sariranipun, sarta putra-putranipun èstri, amilalah kapenakanipun. Dèwi Sêtyawati badhe suduk sasira,sarira Prabu Salya enggal anyandhak patrêmipun ingkang rayi, sarta anyêrêpakên ingkang dados karsanipun. Lajêng dipun ngungrum, kabêkta dhatêng ing pasarean.

Sarêng ing bangun enjing ingkang garwa kapatos anggènipun sare, abantal astanipun ingkang raka, sarta paningsêtipun dipun tindhihi ingkang sapalih. Prabu Salya alon andudut astanipun, paningsêtipun lajêng katigas ing dhuwung. Nuntên tumêdhak lirih, ingkang garwa lajêng dipun apit ing guling, sarta payudaranipun kasêsêlan ing golèk kancana, sarta kawicantênakên: "Ibu, si bapak lunga pêrang."

Prabu Salya lajêng têdhak ing jawi, aningali srêngenge sampun malêthèk. Balanipun sampun pêpak, nuntên wangsul angrangkul sarta angarasi ingkang garwa. Pangandikanipun: "Nimas, karia sare, aku pamit pêrang." Anggènipun ngandika makatên punika sarwi amêgêng waspa.

Prabu Salya lajêng dandos. Srêngenge sampun inggil. Balanipun dangu anggènipun sami ngêntosi. Prabu Salya miyos anitih rata. Balanipun lajêng anabuh têngaraning pêrang, saha angrakit gêlar. Prabu Suyudana sabalanipun angumpul wontên ing ngriku.

Pandhawa inggih sampun angrakit gêlar saha anabuh têngara, lajêng mangsah ing pêrang. Têmpuhing pêrang kados mêndhung pêthukan sami mêndhung, ramening pêrang swaranipun kados rêdi jugrug. Sampun kathah ingkang pêjah. Korawa amêsthèkakên yèn Pandhawa badhe tumpês dening Senapati Salya.

Prabu Salya amêdalakên aji Candhabirawa, anuntên kathah sarta warni-warni danawa ingkang mêdal saking sariranipun. Angêbêki ing paprangan, sarta sami ambêkta dêdamêl. Ambêbujêng mêngsah, anggadani, amêdhangi saha anyakoti mêngsah. Yèn kawalês dipun pêjahi, sangsaya wêwah kathah.

--- 82 ---

Korawa surak gumêrah, sarta sami suka aningali.

Bala Pandhawa kathah ingkang pêjah, giris sami lumajêng, angungsi wingkingipun Prabu Krêsna saha Prabu Yudhisthira.

Prabu Krêsna lajêng angundhangi bala Pandhawa sadaya, andikakakên ambucali dêdamêlipun, sarta sami kêkudhunga. Lajêng sami anglampahi dhawuhipun Prabu Krêsna sadaya.

Danawa ingkang mêdal saking aji Candhabiwara lajêng sami dhêlog-dhêlog kemawon, angadhêpi mêngsahipun.

Prabu Krêsna anuntên angatag dhatêng Prabu Yudhisthira amêthukna pêrangipun Salya. Prabu Yudhisthira enggal anitih rata, majêng dhatêng ing paprangan. Prabu Salya amatak aji Candhabiwara malih, ambrubul wêdaling danawa saking sariranipun. Agêng-agêng sarta kathah, angungkuli ingkang rumiyin. Sami amurugi Prabu Yudhisthira.

Prabu Yudhisthira enggal amawas Kalimausada, amêdalakên latu anglangkungi agêngipun. Latu wau lajêng ambêsmi danawa wau, têlas kabêsmi sadaya.

Prabu Yudhisthira lajêng anglêpasakên Kalimausada. Prabu Salya kenging jajanipun pêjah, gumêbrug dhawah ing rata. Bala Pandhawa surak gumêrah, sarta ambyuk ambujêng mêngsah. Korawa lumajêng ing sapurug-purug. Nanging kathah ingkang kacandhak pêjah tuwin têluk. Patih Sangkuni kacandhak dhatêng Radèn Wrêkodara, lajêng dipun sêmpal-sêmpal. Prabu Suyudana lajêng kondur dhatêng pasanggrahanipun, sabala punggawa saha satriyanipun.

Wontên bupati ing Mandaraka satunggil sampun sêpuh, kataton kalanipun andhèrèk Prabu Salya amêdali pêrang, punika apratela dhatêng Dèwi Sêtyawati, yèn ingkang raka seda wontên ing paprangan.

Sarêng dipun pratelani makatên, Dèwi Sêtyawati lajêng kantu. Sasampuning èngêt, kêkah ing karsa badhe ambelani ingkang raka, lajêng anitih rata sarwi angasta patrêm, kadhèrèkakên ing parêkan satunggil, anama Sugandini. Sumêdya tindak dhumatêng ing Kurusetra, angupadosi layonipun ingkang raka.

Sarêng andungkap dumugi ing Kurusetra, ratanipun rêmuk, dados kapêksa tindak dharat angupadosi layoning raka. Dangu-dangu pinanggih Dèwi Sêtyawati enggal angunus

--- [83] ---

106_83
Prabu Yudhisthira enggal amawas Kalimausada

--- 84 ---

patrêm. Katamakakên ing jajanipun, lajêng seda. Parêkan ingkang nama Sugandini inggih suduk sarira, ambelani gustinipun.

Anuntên para dewa saha para widadari sami angiring nyawanipun Prabu Salya, akalihan nyawanipun Dèwi Sêtyawati dhumatêng ing suralaya. Wontên ing ngriku sami pakantuk kanugrahaning swarga.

9. SUYUDANA PÊRANG KALIHAN WRÊKODARA. PANDHAWA LUMÊBÊT DHATÊNG NGASTINA.

Kacariyos Prabu Suyudana, sabêdhahipun nagari ing Ngastina, saking mirisipun asingidan wontên sungapaning sagantên, angêdhêm ing toya. Ananging katitik pasingidanipun dening bala Pandhawa. Lajêng kapratelakakên dhumatêng Prabu Yudhisthira, saha dhumatêng Prabu Krêsna. Anuntên sami bidhal sabalanipun.

Sadhatêngipun wontên sungapaning sagantên, bala Pandhawa sami sumêrêp ing solahipun Prabu Suyudana angêdhêm salêbêting toya. Wrêkodara anyumbari saking ing dharatan, sarta anguwus-uwus, awit botên prayogi yèn ratu kawon pêrangipun lajêng singidan ajrih manawi pêjah. Kapurih mêntasa badhe kaajak pêrang tandhing.

Prabu Suyudana sarêng mirêng enggal mêntas saking toya, reyab-reyab sarta kalêbus, anjujug ing ngarsane Prabu Krêsna. Prabu Krêsna anantun, punapa purun kaabên pêrang tandhing kalihan Wrêkodara. Wangsulanipun Suyudana inggih purun. Prabu Krêsna parentah dhatêng balanipun, kinèn anyukani busana karajan dhatêng Prabu Suyudana, sarta dêdamêl gada.

Nuntên kasaru rawuhipun Prabu Baladewa ing Mandura, saking tapa sangandhaping grojogan toya agêng. Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira sasêdhèrèkipun enggal sami amêthuk sarta ambagèkakên. Sarta apratela, yèn Prabu Baladewa botên amêningi pêrang Bratayuda, nanging badhe amêningi pêrang tandhingipun Wrêkodara kalihan Suyudana. Prabu Baladewa kaaturan ngidinana.

Wangsulanipun Prabu Baladewa: mila enggal kondur saking pratapan awit dipun sanjangi dhatêng Sang Hyang Narada, yèn badhe botên amêningi pêrang Bratayuda. Dene ing mangke inggih sumêdya angidini dhatêng ingkang badhe sami prang tandhing.

--- [85] ---

106_85
Nuntên kararukasaru rawuhipun Prabu Baladewa ing Mandura, saking tapa sangandhaping grojogan toya agêng

--- 86 ---

Wondene Prabu Suyudana wau sarêng aningali rawuhipun Prabu Baladewa, sakalangkung bingahing galihipun, cipta badhe wontên ingkang mitulungi ing sariranipun. Awit nagari Mandura punika kabawah ing nagari Ngastina, sarta Prabu Baladewa kadamêl ratu andêl-andêling pêrang.

Sasampuning Prabu Suyudana angagêm busana karajan, sarta angasta gada agêng, lajêng wiwit prang tandhing kalihan Wrêkodara. Arjuna maras ing galih, bilih ingkang raka kasoran prangipun. Enggal matur pitakèn dhatêng Prabu Krêsna: sintên kang badhe kasoran prangipun.

Prabu Krêsna anyêrêpakên, sarta Arjuna kadhawahan angèngêtna dhatêng Wrêkodara, saking katêbihan kemawon, yèn pangapêsipun Prabu Suyudana wontên pupunipun kang kiwa.

Arjuna enggal anyakêti ing sawêtawis kang aprang tandhing. Arjuna angêjèpi sarwi anampèl wêntisipun kang kiwa. Wrêkodara sakêdhap aningali pamangsitipun ingkang rayi, sampun anampèni, enggal ngangsêg prangipun sumêdya ngrukêt. Suyudana kèwêdan, sumêdya ngoncati amapan kang ombèr. Lajêng milar, sinarêngan sinabêt ing gada dhatêng Wrêkodara, kenging wêntisipun kiwa. Suyudana ambruk, lajêng pinupuh ing gada, jinambak sarta dhinupakan dhatêng Wrêkodara.

Prabu Baladewa sangêt murina ing galih, awit pamalanipun Wrêkodara sawênang-wênang, botên angangge caraning prang ratu. Enggal anyandhak nênggala, kaayatakên dhatêng Wrêkodara, Prabu Krêsna sarêng aningali, gugup ing galih, enggal anyandhak nanggalanipun Prabu Baladewa, sarwi matur ngrarapu, sampun ngantos andahwèni ing solahipun Wrêkodara. Mila amanggih pêjah siya-siya makatên, awit Prabu Suyudana punika kenging ipat-ipating Bagawan Mentriya, kalihan kenging panêdhanipun Dèwi Drupadi. Sabab Dèwi Drupadi wau kala rumiyin siniya-siya, dados Wrêkodara punika drêmi amalêsakên. Prabu Baladewa sampun lilih galihipun, lajêng kaaturan angrumiyinana lumêbêt dhatêng nagari Ngastina. Prabu Baladewa inggih lajêng amiturut ing aturipun ingkang rayi Prabu Krêsna.

Sapêngkêripun Prabu Baladewa, Wrêkodara andumugèkakên ing sakarsanipun nggèning damêl sawênang-wênang dhatêng

--- [87] ---

106_87
... Prabu Suyudana angagêm busana karajan, sarta angasta gada agêng, lajêng wiwit pêrang tandhing kalihan ...

--- 88 ---

Suyudana. Sarêng Suyudana sampun rêmuk badanipun lajêng anyuwara botên purun pêjah yèn dèrèng atapakan sirahing Pandhawa. Nanging swara wau botên kapaèlu dhatêng Wrêkodara.

Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira, Wrêkodara sabalanipun nuntên sami wangsul dhatêng ing pasanggrahan. Jisimipun Suyudana katilar wontên ing ngriku. Kala samantên Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira dèrèng karsa lumêbêt dhatêng nagari Ngastina. Sabên ing wanci dalu sami midêr-midêr ing tilas papan paprangan, tuwin ing wana sarta ing rêdi.

Kacariyos wontên putranipun jalêr Pandhita Druna satunggil, anama Aswatama; punika kalanipun taksih salêbêting prang Bratayuda, apadudon kalihan Prabu Salya, mèh dados pancakara. Nanging Prabu Suyudana anglêrêsakên Prabu Salya. Aswatama sakit manahipun, lajêng kesah tapa wontên satêngahing wana. bêdhahipun nagari ing Ngastina Aswatama botên sumêrêp.

Kala samantên Aswatama sangêt kagèt kadhatêngan garwanipun Prabu Suyudana, sarta santana ing Ngastina kêkalih, anama Karpa kalihan Kartamarma. Sami sanjang yèn ing Ngastina sampun bêdhah, Prabu Suyudana ical satêngahing paprangan, botên kantênan pêjah gêsangipun. Aswatama ngêrês manahipun, awêlas dhatêng Prabu Suyudana, ciptanipun badhe ambelani ing kasusahan. Lajêng mangkat saking wana, alampah pandung, sumêdya anyidra para pangagênging Pandhawa. Karpa, Kartamarma inggih tumut.

Sadumuginipun ing pasanggrahan ing wanci dalu, Prabu Krêsna pinuju kesah midêr-midêr. Prabu Yudhisthira sasêduluripun gangsal inggih sami andhèrèk.

Aswatama wau lajêng anjujug pasanggrahanipun Drusthajumêna kalihan Dèwi Srikandhi. Kalih pisan sampun sami katigas jangganipun. Ing pasanggrahan gègèr sarta tangis gumêrah. Aswatama lajêng ngamuk angagêm jêmparing latu, kathah angsalipun pêpêjah. Radèn Pancawala, putranipun jalêr Prabu Yudhisthira, tumuntên wungu, amêthukakên pangamukipun Aswatama, dangu sami alancaran jêmparing. Pancawala

--- [89] ---

106_89
Wrêkodara andumugèkakên ing sakarsanipun nggèning damêl sawênang-wênang dhatêng ...

--- 90 ---

kasoran, sampun pêjah amargi dipun jêmparing. Aswatama tuwin Karpa punapadene Kartamarma, tumuntên sami mundur dhatêng ing wana malih.

Sarêng wanci byar Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira sasêduluripun sami rawuh ing pasanggrahan. Kagèt mirêng swaraning tangis gumêrah. Lajêng kapratelan, yèn Pancawala, kalih Drusthajumêna, tiga Dèwi Srikandhi, sami pêjah, amargi dipun cidra dhatêng Aswatama.

Prabu Yudhisthira sasêduluripun lajêng sami muwun sarta sangêt prihatos. Prabu Krêsna tansah amituturi supados sampun ngantos sami sangêt prihatos, awit ingkang sami pêjah wau sampun kalêbêt ing pêpêsthènipun piyambak.

Anuntên sami kagèt ing rawuhipun Bagawan Abiyasa, ingkang eyang Prabu Yudhisthira. Botên wontên ingkang sumêrêp ing sangkanipun, awit Bagawan Abiyasa wau sampun gêntur ing tapanipun, sampun prasasat dewa. Ingkang sami muwun lajêng sirêp. Enggal sami ngabêkti dhatêng ingkang sawêg rawuh.

Bagawan Abiyasa nuntên amituturi dhatêng para wayahipun kang sami prihatos, sami angicalna ing prihatosipun, awit tanpa damêl yèn kagaliha, sarta sampun kalêbêt ing pêpêsthènipun. Kalihan sami kapurih angèstokna sarta anglampahana sabarang parentahipun Prabu Krêsna, amêsthi badhe amanggih kamulyaning pêjah. Balik ingkang botên sami anglampahi, saèstu badhe manggih sangsaraning pêjah, sabab Prabu Krêsna punika titisipun Bathara Wisnu, mila prayogi yèn dipun ênuta. Sanajan dewa ing suralaya inggih ugi botên wontên purun ambadali ing parentahipun Bathara Wisnu. Para wayah tuwin kang sami prihatos wau, ing sakala sami ical ing kaprihatosipun. Bagawan Abiyasa lajêng pamit, musna saking ing ngriku.

Anuntên wontên bala kang amratelakakên ing panggenanipun Aswatama, wontên ing dhukuh satêngahing wana; Karpa kalihan Kartamarma inggih tumut wontên ing ngriku.

Prabu Krêsna sarta Prabu Yudhisthira lajêng bidhalan sabalanipun, sumêdya anglurugi Aswatama. Dhukuh pratapanipun Aswatama sampun kinêpang sarta sinurakan. Aswatama, Karpa, Kartamarma sami mêdal amêthukakên pêrang. Aswatama angayatakên [anga...]

--- [91] ---

106_91
Aswatama ngêrês manahipun, awêlas dhatêng ... ciptanipun badhe ambelani ing kasusahan

--- 92 ---

[...yatakên] jêmparing, anama Cundhamanik, wasiyat saking bapakipun kang nama Pandhita Druna. Sarêng kawawas mêdal latu agêng. Prabu Krêsna enggal ngatag dhatêng Arjuna, anangkisa jêmparing laulatu wau. Arjuna lajêng amawas jêmparing Pasopati. Inggih mêdal latu agêng, atêmpuh sami latu. Saking agênging latu urubipun sundhul ing suralaya. Para dewa sami kagegeran.

Bathara Guru enggal angutus Sanghyang Narada, andhawahakên dêduka dhatêng kang pêrang, awit purun-purun amêdalakên jêmparing latu. Sanghyang Narada nuntên tumurun. Ingkang sami pêrang kadhawahan angracut jêmparingipun latu, awit jêmparing kêkalih punika sami dêdamêl ing suralaya, botên kenging yèn kaanggea wontên ing marcapada, amêsthi badhe angrisakakên.

Arjuna sasampunipun angracut jêmparingipun latu, nuntên matur dhatêng Sanghyang Narada: "Milanipun purun anglêpasakên jêmparing punika, awit saking parentahipun Prabu Krêsna, kinèn nangkis." Sanghyang Narada sarêng mirêng sangêt suka ing galih, sarta angapuntên dhatêng Arjuna.

Sanghyang Narada lajêng andhawahakên dêduka dhatêng Aswatama, dene purun-purun anglêpasakên jêmparing Cundhamanik. Sabab punika pêparingipun Bathara Guru dhatêng Pandhita Druna, sarta sampun kawalêran, botên anglilani yèn kaanggea pêrang.

Atur wangsulanipun Aswatama: "Mila purun anglêpasakên Cundhamanik, amung kadamêl angajrih-ajrihi kemawon, sabab sumêrêp yèn latuning Cundhamanik wau botên purun ambêsmi ing tiyang kang botên sumêdya sikara."

Sanghyang Narada inggih lajêng angapuntên dhatêng Aswatama, nanging jêmparing Cundhamanik kapundhut. Lajêng kaparingakên dhatêng Arjuna, inggih sampun katampèn.

Anuntên Prabu Krêsna matur dhatêng Sanghyang Narada: Botên parêng yèn angapuntêna dhatêng Aswatama, sabab sampun anglampahi kadursilan anyidra Dèwi Srikandhi, kalih Pancawala, tiga Drusthajumêna. Ingkang dados karsanipun Prabu Krêsna, benjing yitmanipun Aswatama kalêbêtna ing naraka salaminipun. Ingkang mangke inggih botên kapêjahan, awit dèrèng mangsanipun. Benjing putranipun Abimanyu kang nama

--- [93] ---

106_93
Bagawan Abiyasa nuntên amituturi dhatêng para wayahipun kang sami ...

--- 94 ---

Prabu Parikêsit, punika kang badhe amêjahi Aswatama, nanging samangke taksih wontên ing wawratan.

Dene yitmanipun Kartamarma katitisna dhatêng sawarninipun kang asih ing bêbangêr. Amung Karpa kang dipun apuntên, awit botên anggadhahi manah kadursilan piyambak, aming kapêksa saking ajrihipun dhatêng Aswatama. Ing mangke taksih anglulusakên nggènipun darbe lampah kapandhitan.

Sanghyang Narada tuwin para dewa sadaya inggih sami amiturut angestokakên ing karsanipun Prabu Krêsna, nuntên sami mumbul wangsul dhatêng suralaya.

Prabu Krêsna kalihan Prabu Yudhisthira sabala Pandhawa tuwin para ratu sêsuruhan, lajêng sami bidhal lumêbêt ing nagari Ngastina, sarta amboyong Dèwi Banowati. Pasanggrahan ing Kurusetra sampun kabibarakên. Rajabrana ing nagari Ngastina sampun sami kacacahakên. Arjuna lajêng kadhaupakên kalihan randhanipun Suyudana kang nama Dèwi Banowati. Sarèhning Arjuna sangêt asihipun ing tiyang èstri, dados gêgadhuhanipun jêmparing Cundhamanik kapundhut ing Prabu Yudhisthira.

Prabu Krêsna nuntên anjumunêngakên Nata Prabu Yudhisthira wontên ing nagari Ngastina, kaèstrènan dening Prabu Baladewa sarta para ratu sêsuruhan, tuwin para jawata ing suralaya inggih sami tumurun angidini jumênêngipun nata.

Kala panjênênganipun Prabu Yudhisthira, nagari ing Ngastina sakalangkung arja, têtiyangipun sami suka, botên wontên kang pinalang galih, awit karêksa dening Prabu Krêsna kalihan Arjuna. Bilih wontên ingkang alampah doracara enggal kapapas. Ingkang bodho kasêrêpakên, ingkang musakat kaparingan dana lumintu, mila sangêt kaeringan dening mêngsah.

Sarêng sampun lêstantun jumênêngipun Nata Prabu Yudhisthira, Prabu Baladewa kalihan ratu ing Wiratha, ing Cêmpala tuwin para ratu sanèsipun, lajêng sami pamit mantuk dhatêng nagarinipun piyambak-piyambak, amung Prabu Krêsna kang taksih anênggani wontên ing Ngastina.

__________

--- [95] ---

106_95
... Kartamarma sami mêdal amêthukakên pêrang

--- [96] ---

ISINIPUN:

... Kaca:

1. Prabu Krêsna dhatêng Ngastina, ngrêmbag palihan nagari, botên angsal damêl. ... 5

2. Pandhawa sarta Korawa kanthi wadyabala bidhal dhatêng Têgalkuru. Pêrang Bratayuda wiwit. Seta sasadhèrèk tiwas. ... 19

3. Bisma pêjah dening Srikandhi ... 31

4. Angkawijaya pêjah dipun krubut Korawa. ... 37

5. Sindurêja, inggih Jayadrata pêjah dening Arjuna. ... 52

6. Gathutkaca mêthukakên Dipati Karna, tiwas. ... 59

7. Durna kenging apus. Dursasana pêjah kaodhèt-odhèt dening Wrêkodara. ... 65

8. Karna pêrang kalihan Arjuna, tiwas. Salya ngulungakên pêjahipun dhatêng Pandhawa. ... 74

9. Suyudana pêrang kalihan Wrêkodara. Pandhawa lumêbêt dhatêng Ngastina. ... 84

__________