Ringgit Purwa Lampahan Răngka Angrong, Rănggawarsita, 1926, #120

JudulCitra
Terakhir diubah: 30-12-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie R. No. ... Rongka Angrong ... Harga f 0,75.

Punika Sêrat Cariyos Ringgit Purwa Lampahan: Răngka Angrong

Utawi: Palêsthaning Dwiastha, sambêtanipun lampahan: Bangbang Dwihastha.

Karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, ing Surakarta.

(Diperlindungi hak pengarang Stb. 1912. No. 600. fatsal 11)

Diterbitkan dan terjual oleh: TAN KHOEN SWIE KEDIRI

1926

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Punika Sêrat Cariyos Ringgit Purwa Lampahan: Răngka Angrong

Utawi: Palêsthaning Dwiastha, sambêtanipun lampahan: Bangbang Dwihastha.

Karanganipun suwargi Radèn Ngabèi Rănggawarsita, ing Surakarta.

(Diperlindungi hak pengarang Stb. 1912. No. 600. fatsal 11)

Diterbitkên dan terjual oleh: TAN KHOEN SWIE KEDIRI

1926

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

1. Dhandhanggula

1. rèh Indrastha rata mrih mêmanis | anumusi dènira mangripta | têturutan ngalurake | pambabar bèbèripun | amakêrtya ikêtan ringgit | purwa ran ronging răngka | nawung gana tuduh | pradiptaning wardyotama | napak tilas sinuluhan silastuti | têtancêb tatèng crita ||

2. kaya kang wus cinitra ing ngarsi | sêsambungan kang lakon Dwiastha | kocapa sapalêsthane | Bangbang Dwihastha dhaup | antuk lawan Dyah Bisawati | karone lan sang rêtna | parabe kasêbut | Bisakèsi kasêmbadan | bawahaning pamiwaha angluwihi | agêngirèng pangrêngga ||

3. pra apsara tanapi apsari | suralaya parêng pêpariksa | samya ngèstrèni pamore | rèhing rimbagan satu | pakartine Sri Harimurti | kang juga pinartiga | mangsuli ing wuwus | wau ta Bangbang Dwiastha | rêroncèning carita nalika panggih | tan ginupitèng gita ||

4. glising kata mung mèt kang wigati | katiganya tansah pêpasihan | bibaring ri sapasare | sira Sri Krêsna Prabu | myang sakadang putra lan ari | samya sarêng sadaya | wus dumulur kondur | mring Dwarawati nagara | Sang Aprabu Bisaka lan kyana patih | nguntapkên jawi kitha ||

5. mangkana ta Bisaka Sang Aji | anuju ri lênggah siniwaka | ing paglaran pêpak andhèr | adhêrak punggawa gung | pasewakan [pasewa...]

--- 4 ---

[...kan] kawuryan asri | yayah kang sêkar panjrah | manawung kêkuwung | busana bra rêbut praba | amimbuhi prabawaning sri bupati | pantês ratu bathara ||

6. kang aparêk ing ngarsa sang aji | Kyana Patih Arya Bisakesa | myang kaparèng ing iringe | măngka pikukuh pupuh | yeka Senanirmala nami | munggul pilungguhira | gung pangawak gunung | sinambung Bratakasmala | Palyakrama Silyakrama lawan malih | nulya liyaning wadya ||

7. sang aprabu angandika aris | yayi ingsun asung wruh ring sira | duk Dite ana dutane | kakang mas Pandhusunu | tanpa layang liring wigati | nimbali mantunira | myang dwi swaminipun | tan linilan lawan wadya | mung prêpat tri ing lakunira prasami | momor anamur warna ||

8. wus mituhu mangkat mau bêngi | anêngahi wayah bangun dawa | mantunira panganggone | kêpêthuk estha wiku | kawistara bagus rêspati | pantês lir dewa dharat | yun mêdhar sastra yu | nini putri karo pisan | pindha endhang anggendhong kang pustaka di | dadining don kasidan ||

9. Sêmar Garèng Petruk cara cantrik | ya ta wau Arya Bisakesa | dupi myarsa ngandikane | ing raka sang aprabu | dangu dera datan bisa ngling | asangêt was-wasing tyas | sanityasa trênyuh | ketang sih trêsnaning putra | de tinilar lir nilap datanpa pamit | mituhu sêtyèng priya ||

10. sigra Senanirmala [Sena...]

--- 5 ---

[...nirmala] wotsari | umatur sru dhuh jêng sri narendra | sapintên tuna lêpate | de ulun kumapurun | dahat saru diksurèng gusti | wasta lancang pangucap | acalak kêlacut | nyaru wuwus atur tiwas | têtuwase mung nyalang nyêlan-nyêlani | parluning imbal sabda ||

11. saking sêsak myang rupaking kapti | têmah wutah tan kawawa ngampah | mrojol sawijil-wijile | tan ajrih manggih bêndu | duk kawula gusti miyarsi | wau dhawuh paduka | tyas gumyur kumêpyur | agingsir anggung sar-saran | saraosing manah tan sakeca gusti | gumawang gawang-gawang ||

12. sampun katon katêkan bilai | klêbèng saya pinrih paracidra | tanduking pandamêl dede | ing sambung rapêtipun | pinèt saking sêsambang liring | liring sunduk prayoga | inggih lêrêsipun | linaras lampah kang limrah | lêpihane titi mêndhêt tăndhayêkti | têtêp tan tilar nalar ||

13. kramanipun para satriya di | sakèh karsa waton kawrat ing srat | lan malih kaping kalihe | lêluri kang kalaku | mantèn dèrèng salapan ari | ingawisan wisata | satuhu wèh awuh | awêwaton ila-ila | cinêpakkên rêncana nyambekalani | linut ing rèh rubeda ||

14. kaping tiga putranta sang putri | wus kaojat ing sajagad wrata | ngênting tan wontên timbange | ing warna yu linangkung |

--- 6 ---

kalampahan kathah samya mrih | pirang-pirang satriya | pirang-pirang ratu | nyuwun among sang kusuma | sêmang-sêmang yèku kang malangatèni | yèn maksih ngănta-ănta ||

15. pangantose têmah karya sandi | angupaya dumugining sêdya | awarni-warni gêlare | agal kalawan alus | wus makatên wataking janmi | tan kenging jinajagan | yêktine kang tuhu | mung antuk saking iriban | winatawis ing solah bawa katawis | winawas lan waspada ||

16. dupi wau sang prabu miyarsi | mring aturnya pun Senanirmala | sakala limut galihe | labêting ambêk sadu | tyas susanta santosèng budi | limêng lênglêng kalingan | sih trêsnaning sunu | sanalika kêkilapan | pandoning rèh kapurba dening dewadi | dadya guguping driya ||

17. daya-daya dyan dhawuh mring ari | angêrigkên sagung wadyabala | undhang budhal kêbut kabèh | sikêp samêktèng pupuh | kyana patih turira aris | rèrèh rèhing pangêndhak | dhuh-dhuh kaka prabu | ing karsa sampun kasêsa | kongsi kusud mring wajibing sujanma di | mardi tyas kasujanan ||

18. êpanipun ngengis pangastuti | papanipun winêngku wiweka | kawidadan wêkasane | iya kalawan dudu | datan dadya sandeyèng wuri | panănggarunggi sirna | kang akarya ewuh | anuwuhkên panggrayangan | kang dèn jagi lah inggih kalamun inggih |

--- 7 ---

panyana-nyana nyata ||

19. yèn tan yêkti sayakti akardi | laraning tyas sru karănta-rănta | rontag angrêbêt tatune | iya dinalih dudu | bênêr-bênêr ingaran sisip | bêcik kinira ala | yèku sampun tamtu | kang kataman sakamantyan | tan pantara kêlara-laraning ati | tangèh sagêd waluya ||

20. madyanipun mrih tan ngrumangsani | wus kêcêkap ing rèh tan kuciwa | pantês pinatah ing gawe | dhewekan tanpa kancuh | tan maleca amracayani | yèku Senanirmala | dumulur ing laku | kalulusan mrih rumêksa | kaki putra katri lawan nini putri | tumutur praptèng paran ||

21. tan prabeda sanadyan pribadi | lan mawaa wadyabala wêndran | wuruk pan wontên ugêre | ing karsa jawata gung | rusak arja sampun kinardi | yèn dewa kang mrih arja | sayêkti rahayu | yèn dewa agawe rusak | pan manungsa tan pisan kêna anampik | satitah mung lumampah ||

22. anganthia prawira sakêthi | wuri miwah salêksa ing ngarsa | yèn dewa kang ngasorake | sayakti tanpa kiwul | wuwula mung alêbu gêni | polane gajah raja | kalih patihipun | apês parêng tiga pisan | mati sampyuh lêbur luluh mawor siti | sintên ingkang angira ||

23. sang aprabu kasambadèng galih | mring aturing ari kyana patya |

--- 8 ---

anulya lon ngandikane | Senanirmala gupuh | glis mangkata samêngko ugi | nusul ing lakunira | iya sutaningsun | ki putra Bangbang Dwiastha | sagarwane gustinira nini putri | sira măngka pangrêksa ||

24. rahayune gustinira katri | tumutura nganti praptèng paran | sira aywa kaya rare | dèn prayitnèng pakewuh | kawruhana samargi-margi | yèn kêna aturana | waluya rumuhun | ngantia bubar salapan | ingsun arsa têdhak ngatêrke pribadi | prapta ing Madukara ||

25. kang sinung ling nêmbah matur aris | dhuh-dhuh gusti dhawuh padukendra | wus kadriya sadayane | sayêkti amba êmbun | pindha jimat ulun pêpundhi | madhêp tyas tan kumêdhap | padhêka ing lampus | tan kêndhat ulun cêcadhang | siyang dalu nuhoni ngèstu satuding | tandya mit wus linilan ||

26. lan sinungan pangèstu basuki | suka bagya kasidan sêmbada | dadi kadya sasêdyane | Senanirmala laju | mundur saking ngarsa sang aji | mijil jawi sawega | wau jêng sang prabu | wus jêngkar angênyapura | pinêthukkên marang risang pramèswari | marêk mangraup pada ||

27. sri narendra age ananggapi | gya pinêngkul mustakaning garwa | kinuswa-kuswa kiswane | ing ri sasampunipun | tata lênggah nèng mêrtyugini | garwa ris aturira | mring raka anuwun | warta rèhirèng sinewa | dene kongsi kêlungsèn [kê...]

--- 9 ---

[...lungsèn] mèh lalu lingsir | lagya angênyapura ||

28. paran marga kang dados wigati | yèn karana prakara ing praja | kirang jujur kaarsane | jarwanên dasihipun | nadyan apês darbèking èstri | cupêt budining ngrêmbag | amung lowung-lowung | lumawan ing pujabrata | amêmêsu mrih aksamèng jawata di | dadi arjaning praja ||

29. sri narendra angandika aris | babo yayi sotyaning tyas ingwang | sawang jiwaningsun dhewe | sumurupa riningsun | marma kongsi lungse siniwi | siwah lan saban-saban | sabab ana parlu | ngluwihi parluning praja | pinarsajan kang garwa purwa mêkasi | wau ta duk miyarsa ||

30. kêsar-kêsar risang pramèswari | sanityasa ing tyas was rumaras | matarani ing netyane | apucat biyas aclum | kang kacipta sihirèng siwi | netra angêmbêng waspa | waspada sang prabu | sakalangkung gêng sih marma | maring garwa manêlas awlasing galih | glis mêrak amangrêpa ||

31. lwir ngrêrêpi pangimuring kori | sarèh rèrèh murwèng manohara | arum sang prabu sabdane | tan yogya gêng margiyuh | têtumuse ing tyas prihatin | numrapi mring putranta | tumrahe wèh rêtu | arêntêng ngruwêti lampah | kaprabawan barubahing rèh nrambahi | kambuh wimbuh rubeda ||

32. bêcik yayi anungku samadi | mêndêng pudya angênêngkên driya | supadya dadya êninge |

--- 10 ---

nênuwun mring dewa gung | mapan titah dêrma nglampahi | sapolah tingkah kasrah | nora kêna mingkuh | kabèh-kabèh wus kapurba | duk bakale wus kinardi bathara di | datan bisa suminggah ||

33. bêbasane rèhing gêsang sami | samubarang apa kang sinandhang | padha kari nganggo bae | ya ta dayita prabu | duk miyarsa andikèng aji | jatining wirotama | têmah nuli lipur | lir pulih prihatining tyas | mahastuti tumutur mangsah sêmadi | mêmudya maring dewa ||

34. nahên wau sang nata myang sori | kang samya mrih aksamaning Suksma | gênti kocapa lampahe | dutendra kang sumusul | mring dyan putra lawan sang putri | yèki Senanirmala | tan kawarnèng ênu | gancanging crita wus panggya | agya Senanirmala milutèng galih | ngasih-asih turira ||

35. lir pitutur mrih lunturing kapti | pati-pati supadi kondura | rahadyan adrêng karsane | saru sikuning wuwus | dangu kaduk kasaping angling | galap gangsul sliringan | silip salah surup | radyan dahat dukanira | netya andik kang wadana kadi gêtih | tan kanthi ginaliha ||

2. Kinanthi

1. mung nglênggahi anggonipun | wong anom sugih kuwanin | Senanirmala pinala | wali-wali dèn dhupaki | myang tinêpak mukanira | nanging nora pisan osik ||

2. apanggah dera pilungguh | tan ginggang susêtyèng gusti | radyan [radya...]

--- 11 ---

[...n] sru sura sudira | sarosa krodha mawêrdi | merang rumăngsa kasoran | kêsêsêr ing guna sakti ||

3. tan sipi ing dukanipun | pinênthang langkape gumrit | kang sara dibya pangruwat | sutiksaning hru umingis | murub amawi prabawa | gênging bayu bajra mijil ||

4. sarawungan sindhung riwut | Senanirmala tumaksi | suka amarwata suta | susêtyèng pati patitis | pramèsthining rèh palastha | ngèsthi jatining sawiji ||

5. mati sadurunge lampus | idhup sadurunge urip | gêlêng wus ginulung tunggal | salingganing bathara di | babar ngèbêki bawana | purbane wus ambawani ||

6. kaya mangkana ta wau | lêpasing panah ngênèni | gulune Senanirmala | apagas gumuling siti | kang rah nêmbur sumamburat | barêsih warnane putih ||

7. pradiptaning cahya mancur | mancorong ngênguwung wêning | asawang wulan purnama | gumilang-gilang nêlahi | tan pantara paripurna | pranawa tabête itih ||

8. wus mulih kamuksanipun | kuwănda sampurna jati | sirna rèhing saniskara | karahayon angayomi | kaananing kene kana | kinukut nèng ênêng êning ||

9. kono ana kang karungu | peling mêmêling dumêling | he eling-eling Dwiastha | mangèsthi palêsthèng dadi | tan adoh doning kasidan | saking pakarti pribadi ||

10. tamating [ta...]

--- 12---

[...mating] wasita luhung | linut wênganing wêwangi | kang sêkar-sêkar ambabar | ngambar-ambar gandanya mrik | mêrês lir riris rumaras | sumyur sumawur mratani ||

11. wor mêrduning wêwida rum | rahadyan dahat muriring | rumăngsa lêpating lampah | limputing nala kalêmpit | piduwunging tindak arda | kadarung adrênging budi ||

12. dumadi tumibèng dudu | binêndon mring bathara di | amêmati tanpa dosa | wasana mupus pêpêsthin | anglajêngkên lampahira | panglipure garwa kalih ||

13. kalanglang ulah kalangun | lan garwa samargi-margi | tan kêndhat abêbondhetan | karya randhating lumaris | diwangkara wus lumarap | rêsmining akasa kèksi ||

14. ima kasangsayèng bayu | bayak-bayak katut nipis | matumpa panêmpuhira | ujwalèng jala jaladri | dinulu amăncawarna | lir pendah panjrahing sari ||

15. sumrambah jroning jinêmrum | cêpak cêpaka malathi | argulo wigar gumêlar | angsana sinilih asih | kêlawan kalak kêkananga[1] | abra binawur ing gambir ||

16. gambirèng driya sang bagus | mèngêt duk mangun mangun sih | cinêgah datan kaconggah | manggung mênggah jroning galih | adu samun sêsêmonan | sinandi dènnya sêngadi ||

17. ngandika mring garwanipun | pinlimping marah rahsa di | babo intên mirah ingwang | yayi miyata wiyati | imane amăncawarna | cake

--- 13 ----

sênengga sinungging ||

18. gawe sulaping pandulu | dudu rupa kang maligi | gumilir slisir susulan | mung lamat-lamat manglapis | tipis sasiliring bawang | bisa ilang tanpa lari ||

19. bali warnane duk mau | ima pan sipate putih | yêkti seta ing wasana | wuwus iki mêngku wadi | wêrdining kawruh kawêkas | kawruhana kang sayakti ||

20. sêtyanana tyas rahayu | aywa kaliru panampi | tumpangsuh ing sangkanparan | warna rupa kang sajati | pamanjinging kajatmikan | mikani srêging rahsa di ||

21. sang dyah kêkalih lon matur | paran rupa kang sajati | mugi dipun jatènana | dadya datan walangati | lênglênging tingal kalingan | wus ilang samya kalingling ||

22. mawela walèh kadulu | datan mănda madal sumbi | musabiyat srêbat-srêbat | radyan angandika aris | dhuh yayi hyang-hyanging tilam | lawan dyah diwatèng rêsmi ||

23. sajatining warna catur | abang irêng kuning putih | abang kawêngku ing krêsna | irêng kapurba ing kuning | kuning winasesèng seta | wasananing rupa putih ||

24. nanging yayi têtêpipun | sajati-jatining warni | kudu sangkêp patang warna | yèn nora mêngkono yayi | durung kêna ingaranan | abang irêng kuning putih ||

25. têtêpe ing warna pingul | yèn wus ana warna katri | abang irêng sarta pita | panêtêp jatining warni | marmane [mar...]

--- 14 ---

[...mane] sanadyan seta | măngka mêngku warna jati ||

26. nanging iya yêkti dudu | ana abang irêng kuning | marga kang warna katiga | kanggo paugêran jati | mring jênênging warna seta | tan kêna nora nganani ||

27. sang dyah kêkalih tumungkul | wus nganggit sajatining sit | satuhu putri kotama | putus rahsaning rêrungsit | suruping cipta sasmita | aprasasat pasopati ||

28. apan ta rikala wau | awangun merang hyang rawi | silêm wus tan katingalan | linimput wêngi ngalingi | nulya pinurwèng purnama | prabane nata sakalir ||

29. liniru langêning dalu | radyan angandika aris | payo yayi mring talaga | mariksa sêkar ing warih | wiride dadya wêwarah | paworing kawula gusti ||

30. uwa Sêmar myang sutamu | padha kariya kariyin | rêksanên pustaka darma | pamardi wadining dadi | Petruk dhèhèm umyat wiyat | radyan nolih alon angling ||

31. ya pagene sira Petruk | tanpa kăndha mung dhèhèmi | amêndhak Petruk lon ngucap | lancip têmên dika gusti | dhèhèmi lintang alihan | tinolih dadak ginalih ||

32. radyan laju tindakipun | rinangkul kang garwa kalih | kalangên maring talaga | sapraptanira ing têpi | toyane obah mangombak | mimba nambrama kang prapti ||

33. sang putri kêkalih gupuh | gayuh sari nuksmèng [nu...]

--- 15 ---

[...ksmèng] warih | duk manglung lambunge mêmbat | tumêlung ingarah aris | rahadyan age umênggak | tumangkêp kang asta kalih ||

34. pamêkake kukuh bakuh | kapêtêk cakêp nyukupi | pingitan kang muyuh dênta | agêmuh mêndat kapidih | mradipta kadi parada | radyan angandika aris ||

35. aja-aja dhuh wong ayu | ngayuh sêsari ing arih | kalamun kalap ing tlaga | atinggal dasih kang asih | sèwu siksa kasangsaya | sayakti nir karya urip ||

36. paran ta prasêtyaningsun | wong têtêlu tulus ing sih | dunya dêlahan tan pisah | maksiha tansah pêpasih | sang dyah kalih mèsêm ing tyas | aririh parêng tumolih ||

37. têmpuking wadana nêmpuh | mangapit raka kasupit | tanpa sêsiku sakarsa | suka samya sang among sih | sang dyah kalih lênggah ngungkang | kang suku kinum ing warih ||

38. watês polok lêbêtipun | soroting ratih manitih | nêrangi antarèng tirta | tleram-tleram ngilat thathit | kumêthap akêlap-kêlap | lumute sumilak malih ||

39. lumembak kinobak suku | kêsêmpyok apoyang-paying | kêkayu apune piyak | lowah lir binêlah palih | kapêlak polahing iwak | nyarap ron kentir kumitir ||

40. tinarka mangsan sinungsung | nêsêk panaute silip | kadaut nglubuk manglumba | kombul ginggang saking warih | agalak [aga...]

--- 16 ---

[...lak] iwaking tlaga | ibêkan kambêt ing bukti ||

41. Bangbang Dwiastha lingnya rum | yayi dèn titi umaksi | marang rèh rêsmining tirta | otêring tarate kentir | katêrak lumut sumilak | malik lumrang ngirim-irim ||

42. ngarubiru kombak ranu | nênêmbir anêngah minggir | lêlongkanging we kawangwang | nrawang tinêrang ing sasi | saisining kang talaga | angegla sami kaèksi ||

43. kaêsuk kutuk anglubuk | galak-galak kambêt bukti | tabêt kalungsèn mêmangsan | pamolahe anglam-lami | nglumba kombul saking tirta | tibane kapyarsa atri ||

44. pating sêbluk pating cêblung | kalamun rinasa yayi | yayah sêmuning wêwarah | wêrdi wadining dumadi | kadi-kadi amêmada | pada pandoning kadadin ||

45. tuwas wusananing tuwuh | tiwas têkaning mêkasi | sakèh osiking kaanan | têmahe mung ênêng êning | ana pintone yêktèkna | toyane talaga yayi ||

46. myang kabèh saisinipun | akèh solahe mawarni | winor pamolahing mina | tanpa kira ru-ara tri | nora pira dupi prapta | puara waluyèng nguni ||

47. ênêng êning kang tinêmu | maune kang mahanani | anadene awak ingwang | akalawan sira yayi | yêkti mung samya kewala | sêmuning karsa mangun sih ||

48. saupama wong bêbakul | kangelan lan kang pakolih | tibane luwih ambêsat |

--- 17 ---

atêbih sungsate yayi | tan asumbut pisan-pisan | sêpira kêtoging kapti ||

49. pantoge mung pindha pupur | luntur pralampitèng urip | pangarêpe pirang-pirang | arupak kang bumi langit | puara nona[2] piraa | narimèng bumi sanyari ||

50. nora kocap tan winuwus | amulus salami-lami | mulane yayi dèn awas | mawas wasananing dadi | dimèn datan tuna dungkap | lêbda pandoning pangudi ||

51. datan sêdya tindak dudu | kadi duk ing mau mami | amêmati tanpa dosa | kèlu ing nala kalalin | nglunasi Senanirmala | tan wurung wuri malêsi ||

52. sauwise puluh-puluh | tarlèn mung kudu nglampahi | apa pêsthining bathara | mapan darbèking dumadi | apêse pinasang ngarsa | kasrah sakarsèng dewadi ||

53. wus măngsa kênaa mingkuh | ing kukum angur ngêngkoki | tinampan ing panarima | suka saking ngrumangsani | saniskaraning karana | rinèh pakarti pribadi ||

54. sang dyah kalih kalanipun | myarsa panalangsèng galih | sumêdhot tyas lir sinêndhal | dhadhal gêng sih marma sami | sumungkêm pangkoning raka | alara karuna ririh ||

55. kang ukêl lukar sumawur | rema miyak nganan ngering | maranani pangarasan | sawang sasi dèn sasabi | kang ima lumrang angramyang | maya-maya wênês wêning ||

56. radyan tanggap gya rinangkul | kalihe jinunjung ririh | pinangku ing kering [ke...]

--- 18 ---

[...ring] kanan | kinuswa awanti-wanti | mangasta remaning garwa | ginêlung agênti-gênti ||

57. puspita di kang kasaput | tinumpang wèni manipis | kawistara sawatara | lir lintang manuksmèng tasik | masung mosiking asmara | rumaras ngaras tan aris ||

58. radyan malih lingira rum | karo kawruhana yayi | kajatèning ujar ingwang | ing wau kang wus kawijil | wijange nanting kasêtyan | dadi tandhaning panodhi ||

59. idhêpa madhêp ing kakung | apa baya wus ngandhêmi | prajanji sapêjah gêsang | katêlu tulusa nunggil | awor suwarga naraka | karana padha ngèlingi ||

60. idhup nora lali lampus | apa ta kinapti malih | molaha anglir likasan | wêkasane mênêng maning | ina kalamun lumuha | mèngêt kaananing nguni ||

61. liding dongèng pama ingsun | ing samăngsa-măngsa prapti | wus parêk kaparèng tiwas | sira mèlu apa kari | yèn kari karyane apa | apan uripe tan lami ||

62. têka amilalu luput | tumêmpuh byat andêrpati | pituna ngèsthi kanisthan | ngènthèngkên sêtyaning laki | lah yayi bedane apa | ing pati pan sami ugi ||

63. samêngko kalawan besuk | yèn mêngko apa pinanggih | yèn besuk anêmu apa | upayanên kang sayêkti | supaya têtêp santosa | ing kasêtyan [kasêtya...]

--- 19 ---

[...n] miyatani ||

64. sang dyah kalih parêng bêkuh | sarwandhêsuk alon angling | lae amêrangi tatal | sugih têmên sănggarunggi | ringga mring sêtyaning garwa | gawe rumangsaning ati ||

65. wau dera imbal wuwus | tigane dèrèng dumugi | kasaru ing sowanira | tanpa sraba parpat katri | Garèng gêrêng gora sabda | bêndara tega kêpati ||

66. dèn antèni nganti ngantuk | tan nêdya tumolih dasih | ngêngeca imbal wacana | ngrêmbug apa pating klêsik | lir jatèni Sastrajendra | wadi dadining dumadi ||

67. Petruk pangucape gupyuk | lah pancèn bêndara iki | kapirare têpa srira | tan anggalih sihing dasih | kang tininggal gung anggagas | tyas kêtir-kêtir kuwatir ||

68. têka suwe tan awangsul | samar yèn kêrêm ing warih | iwake agalak-galak | karême mêmangan janmi | kêjamak mung ngenak-enak | gunêm rasa anggêlênik ||

69. Dyah Bisakèsi lon muwus | kêbênêran sira prapti | Petruk glis sira nyêgura | mring tlaga golèkna sari | tarate bang pirang-pirang | sun rangsang-rangsang tan kêni ||

70. dêdêgmu kang kaduk dhuwur | yêkti tan nyilipke cêthik | Petruk nyêntak ture sêngak | ah mokal andika gusti | wanci dede wancinira | angajêngkên parak enjing ||

71. adhêm jêkut trusing balung | têka kinon kungkum warih | radyan aris [a...]

--- 20 ---

[...ris] angandika | baya Garèng bae aglis | manjinga jroning talaga | lêganana tyase yayi ||

72. yèn adhêm nganggoa kêmul | mara tampanana iki | kampuh ingsun rangkêp papat | Garèng sampun anampèni | krubut brukut badanira | sigra anggêbyur ing warih ||

73. anrus silêm tan kadulu | Petruk trangginas nututi | tan wangwang upamèng tirta | Garèng cinandhak wus kêni | kinuncang praptèng pêntasan | katisên ngêrog ngrêrintih ||

74. andhêrodhog jaluk kêmul | radyan lan kang garwa kalih | kalintang ing sukanira | wau kang nèng jroning warih | kanan kering rinangkutan | pandauting sari-sari ||

75. ngayang pirang-pirang prangkul | kêmule Garèng kinardi | ambondhot sakèhing sêkar | sêngkut tan karasa atis | antuk sabopong ambapang | sinaoskên ngarsèng gusti ||

76. radyan langkung sukanipun | nampèni kang garwa kalih | pangalape pinilihan | jiningglêng ingkang pakolih | lan tujuning măngsakala | puwungan tinrap ing wèni ||

3. Sinom

1. winarnaa wau radyan | lan garwa miwah kang abdi | nutug anêkakkên suka | kongsi sadalu tan guling | măngka dadya osadi | maluya sayahing laku | kêbangun bang-bang wetan | sumirat soroting rawi | wrata sumyar murwani rèhing raina ||

2. aramyang pêksi sauran | unine mawarni-warni [mawar...]

--- 21 ---

[...ni-warni] | aring malangkring nèng êpang | ana mencok pucak ori | mêntul tinêmpuh ngangin | siyut-siyut kaya pêcut | sêmune asasmita | mawèh pemut among tani | atag-atag têgêna têtêgal sawah ||

3. wau ta Bangbang Dwiastha | kalawan kang garwa kalih | anglajêngkên lampahira | pêrpat katri atut wuri | surya saya manginggil | gumatêl bêntèr tumanduk | tindake ngambah bulak | ngênthak-ênthak sêpa-sêpi | sapandêlêng tanpa kayu pangayoman ||

4. mèh wayah têngange sang dyah | ing lampah langkung mlasasih | muka kawistara rêkta | mangar-mangar riwe mijil | dleweran adrês mili | lumuntur tipaking pupur | radyan mulat ing garwa | gêng marma mara mangarih | mudhar sampur ingusapkên pangarasan ||

5. angrês sru karasa-rasa | pêpuntone mintonkên sih | sinambi ambawa swara | rinupaka ing pangrêpi | nadyan satriya ngardi | dahat widagdèng pangidung | lêbda dera ngêngudang | nandi pituduh don adi | sinidaa wêrdine dadya darsana ||

6. palupining palakrama | sikani jodho sajati | lir wiji duk bakalira | pisah kumpule tinunggil | tan tinggal lawan winih | marambah-rambah ing tuwuh | ajur luluh ubaya | wiwitan malah mêkasi | tan kêna wal waluya nunggal kewala ||

7. sang dyah kalih duk miyarsa | sayahing srira wus bali | anglir wingi uninira [u...]

--- 22 ---

[...ninira] | nulya kang angin sumilir | wèh menaking lumaris | sêgêr sumyah samya tungtum | tumon ana kêkayyan | rone royo-royo wilis | ngendrawila yogya kinarya araryan ||

8. rahadyan anganthi garwa | ginawa marang soring wit | gêmpol grombol wêwangunan | ngongkang sêndhang wene wêning | larèn mili gumlindhing | garês wêdhine anggêrus | kandhas dhêdhasar padhas | anulya sami sêsuci | sang dyah kalih kalangkung dènnya kacaryan ||

9. pradapèng gêmpol mradipta | kasatan karasa salit | Garèng sigra dhinawuhan | pradapèng gêmpol mrih ngambil | sang dyah sêdyarsa bukti | krekelan pamènèkipun | pamunggêle angrangsang | sacandhake dènnya mêthik | sang dyah tadhah dhawahe tumuju jaja ||

10. sêmut samya asêsomah | nuksmèng ron sumyur mratani | ura urap ngungsi gêsang | ngêsut jro kasmêkan manjing | anjingkat sang dyah kalih | rahadyan gita têtulung | usrêk ngusêk tan taha | asta kalih gung mangungkih | pangêkêring sêsêngkêran katarbuka ||

11. byar kawuryan murup mubyar | kucêm bancana sinangling | cahya wênês maya-maya | yayah wulan anêlahi | kalis kalesa ngisis | sang dyah merang jroning kalbu | sêngkêrap[3] sinikara | sêmute bantu bangun sih | tan sabawa tumungkul nangkêp kasmêkan ||

12. Garèng andongong

--- 23 ---

uninga | kamitênggêngên nèng nginggil | enggal Petruk asru ngucap | ngrapêti nyumpêt wêwadi | widagdèng sabda sandi | samudana adu sêmu | kang Garèng dang mudhuna | mripatku tanpa tumèksi | sinangsaya ing sêmut samya mamăngsa ||

13. mara age ulapana | Garèng wus graitèng ati | panasabing subasita | basa bisambusanani | wuwuse asru wêngis | lah apa ujarmu iku | aku priyăngga uga | mata abuh bangêt bintit | dèn uyuhi ing sêmut wus kaya wuta ||

14. rasane panas kumranyas | sang dyah kalih alon angling | lah Garèng alon kewala | udhunmu kang ngati-ati | mripatmu tan tumaksi | saput dèn uyuhi sêmut | ywa nganti tuna dungkap | gonira gocekan uwit | mênèk mrucut eman-eman lamun tiba ||

15. Garèng sukak cukakakan | duk cêndhèk api grègèli | anjog niba galundhungan | sadhela anjènggèl maning | radèn mèsêm ing galih | angglewang wus wayah seyub | hyang surya saya suda | panase ngundur-unduri | nulya samya anglajêngkên lumaksana ||

16. ing marga tan winursita | nahên wau kang lumaris | mangkya gantya cinarita | kocapa ing Pringgadani | ing kono amarêngi | panuju kang raka rawuh | Rahadyan Ăntasena | kucêm cahyaning pêpanggih | pagut cipta lan ari Dyan Gathutkaca ||

17. kawangwang

--- 24 ---

nawung sungkawa | saking panangising ari | Rahadyan Ăngkawijaya | brăngta mring Dyah Bisawati | Bangbang Irawan kingkin | Dyah Bisakèsi kang ketung | gumantung tungtunging tyas | prasêtya praptaning pati | yèn luputa liru sih lampu palastra ||

18. Radyan Arya Gathutkaca | myang raka mangkana ugi | nênggih Radyan Ăntasena | kêlangkung-langkung malangi | amrih elinging galih | salah susilaning wuyung | mêmurung sulaksana | sinarang sèsining bumi | ambêk sukêr angrêbut rabining kadang ||

19. ing dangu ana darsana | patut têpaning palupi | Sang Aprabu Wisrawana | lawan rama Sang Arêsi | Wisrawa rêbut rabi | bobote durung kabanjur | ewa mangkono kêna | walês binêndon dewadi | pinidana nikêl lawan dosanira ||

20. nanging Dyan Ăngkawijaya | sakarone lan kang ari | sira Rahadyan Irawan | nora sêdya angunduri | andadra saya wêrdi | ardaning budi andarung | adrêng kadawa-dawa | panduwane tanpa kardi | kadi-kadi wus dadi karsaning dewa ||

21. pratăndha tan kêna mêndha | mung mandhak mundhak andadi | tandya matur maring raka | dhuh kakang mas kadang mami | marmaa ing kaswasih | sangsayane saya muput | mênawi marucuta | kêtrucut tan panggih margi | lawan yayi Dwiastha sagarwanira ||

22. kawula luwung pêjaha | tan sagêd suminggah ing sih | asru raosing asmara |

--- 25 ---

kasor bêbaya sabumi | lêbur luluh tan gingsir | mung sumăngga sarwa sukur | sakarsèng dewa kasrah | suka lila anglampahi | lêrês lêpat wus kèksi sami kewala ||

23. wau Radyan Ăntasena | sakalihe lan kang rayi | Radèn Arya Gathutkaca | saking sangêting trêsna sih | marang ing ari kalih | kelut ing luput tinurut | angumpulkên panunggal | ginêlêng mupus papêsthin | sru ngandika yayi apa sakarsanta ||

24. ingsun mung ngèli kewala | lêbura ingsun belani | ri wusnya golong ing rêmbag | sigra parêng pangkat sami | sumêngka lampahnèki | kinêras-kêras sinêru | sinêrung anyênyêrang | nyêrênging karsa glis panggih | pagut tingal lawan ratuning kusuma ||

25. sakamantyan brangtaning tyas | tumali têlênging kapti | kapêtêk ngaton tumêka | mangkana pan sampun panggih | kalawan ingkang rayi | Bangbang Dwiastha tumundhuk | mring raka mangasthawa | ngraup pada ganti-ganti | anoraga gêgiliran lawan garwa ||

26. ya ta Dyan Ăngkawijaya | nalika dèn ngabêktèni | Bimawati sang lir rêtna | anglir ngluwari punagi | kêwuron tyas nora wrin | kramaning rèh sarusiku | mungkul mêngkul lungaya | ingayuh tinarik aris | sru angaras sakarsa tanpa rêringa ||

27. ngantêb pamêtêking jaja | jinunjung kêpara ngering | ngraras amêmantês rema | rêsmining gănda mrik wangi [wa...]

--- 26 ---

[...ngi] | wigaring mardi wèni | angalokro ukêlipun | linukar mring kang raka | anêkuk duk dibèng[4] wêntis | gya ingasta mêmês mêmak lurus krêsna ||

28. kawawas kinuswa-kuswa | anulya ingukêl malih | wulangan Dyah Madukara | saya wuwuh yu rêspati | merang Dyah Bisawati | wit tan barès rêsêpipun | kang raka ngêmu rasa | panguswane nguwas-wasi | nanging sang dyah kêpêksa among ing karsa ||

29. jroning tyas kaya matia | miyat ing raka sang pêkik | iyèki Bangbang Dwiastha | wus ngilangkên walangati | ing lair nrusing batin | tabêt bêkti kadang sêpuh | wau Bangbang Irawan | kasok myat Dyah Bisakèsi | sukanira tinumpêk tanpa upama ||

30. pamêtêk-pêtêking asta | lir ngrêrêmêt gya tinarik | niyung mung maju sajaja | dadya anjongok sang dèwi | sidua asta kering | èpèk-èpèk numpang pupu | bau wangun gandhewa | akandhah jênaring gadhing | ukêl lukar anyangkêri pêpêngkêran ||

31. sêkare nyarah sumrambah | ambune umarbuk wangi | amêmungu driyasmara | rurah pangorening wèni | lambung ingayuh kêni | wus kêjunjung gya pinangku | sang dyah dahat rumaras | kêluwih meranging galih | nanging ajrih badala mring kadang wêrda ||

32. Petruk sidhakêp săngga wang | gèdhèg-gèdhèg duk ningali | kang salah susilèng solah | sambat tobat jroning batin | gêgêtun myat ing

--- 27 ---

gusti | derarda sudirèng saru | sarupa kêsurupan | setan Setragăndamayi | yèn noraa mêngkono kêlangkung mokal ||

33. dene adate bêndara | darah wong alus ing budi | mêngku ing rèh parikrama | mikani têpa palupi | susilèng tyas nêtêpi | êmpaning tata pinutus | patitis traping papan | mêngko tan ana nglabêti | kadya ditya tandange sawênang-wênang ||

34. murang krama wani wirang | Garèng uga anggrundêli | anèng wuri kêdumêlan | dêstun têmên awak mami | kêsêl-kêsêl umèksi | rupa dudu rupanipun | dhuh dewa dhuh bathara | aksamanên gunging sisip | de kaprêgok panggawe kang tan prayoga ||

35. gya Radyan Ăngkawijaya | mring ari ngandika aris | yayi dene lakunira | rêmbên têmên anèng margi | manggung sun anti-anti | têmah sun kapêksa mêthuk | saking sru onêng ingwang | sarèh sathithik tan sranti | turut marga cêngongongan anggung ngungak ||

36. nganguk-anguki mring sira | ya pageneya ri mami | garwanira karo samya | umèlu dharat lumaris | ingsun awlas ningali | ngèlingi adohing purug | pira-pira kuwawa | putri putraning narpati | durung tau tate kapêtêl lumampah ||

37. mêngko pêksa pinlaksana | wêkasan kêsêle kèksi | suku kongsi kasat mata | otot pating grancêng wilis | bêbayu [bê...]

--- 28 ---

[...bayu] padha mijil | mênthêng-mênthêng soring jêngku | yayi ingsun watara | ing laku pan durung olih | saprapatan praptane ing Madukara ||

38. yèn jinujur binanjurna | laku dharat yayi dèwi | yayi ingsun bangêt marma | marmane mrih tan ngrubêdi | rêmbên dera lumaris | garwanta sakaronipun | yogya margèng aliwat | myang ngambah dhasaring bumi | binaktaa mring kakanta karo samya ||

39. yèku kangmas Antasena | kang ngambah dhasaring bumi | dene kangmas Gathutkaca | kang mahawan ngawiyati | sira kalawan mami | samya adharat ing laku | wau Bangbang Dwiastha | wotsari umatur aris | mung dumulur darmi nglampahi kewala ||

40. sigra Radèn Gathutkaca | pangandikanira aris | mara yayi umanjinga | jroning kancing gêlung aglis | Sang Dèwi Bisawati | wus umanjing kancing gêlung | Rahadyan Gathutkaca | gya mêsat napak wiyati | anglir kilat kêlêm ngima lamat-lamat ||

41. nulya Radyan Antasena | ngagnya ing Dyah Bisakèsi | yayi sira glis manjinga | maring kancing gêlung nuli | sang dèwi dyan umanjing | Radyan Antasena gupuh | pêplês amblês bantala | lampahnya datan winarni | ya ta wau kang kari satriya tiga ||

42. Rahadyan Ăngkawijaya | tandya angandika aris | dhuh babo yayi Dwiastha | sira sumurupa yayi | sarèhning ingsun iki | kêpopoh dumadi sêpuh [sê...]

--- 29 ---

[...puh] | pantês gêntining bapa | pan kêtêmpuh mituturi | piturutên wêruha nistha utama ||

43. kotamaning palakrama | têtêping pra satriya di | wataking trah wirotama | mawa kudu lawan jurit | tinêbas lara pati | patukone takêr marus | kalamun tan mangkana | asor aran surèng isin | kèsi-èsi nisthane dadi pocapan ||

44. marma mrih tan têmah nistha | ing pikramanira yayi | yogya kaya nganggo yuda | ingsun ingkang nyaranani | nrang baya angluwari | ubaya kadi ing dangu | ngadoni ing ayuda | prang padha kadang pribadi | dadi nora têmênan mung reka-reka ||

45. blilu kukum basanira | Bangbang Dwiastha duk myarsi | pangandikanirèng raka | langkung kawêkèning kapti | kapitèng tyas matistis | dangu tan maluyèng atur | pangunandikèng driya | pama mopo dahat ajrih | marang kadang wêrda sulihing sudarma ||

46. wêkasan sumanggèng karsa | Sêmar asru karunanjrit | nyaru wuwus tanpa krama | asora sarwi nudingi | Abimbanyu dèn eling | aja kabanjur tan jujur | dludur ardamu dadra | sêmbrana dolanan lading | gawok-gawok wong paprangan ginagampang ||

47. kêplantrang ing tyas kabranang | sayakti mutawatiri | tan wurung anggawa nyawa | ingsun tan bisa umaksi | pangulah solah silib | baya angur aja wêruh | wirang dadi tutuhan | têmah timên [timê...]

--- 30 ---

[...n] tanpa budi | tinut wuntat wong tuwa gawene apa ||

48. Petruk sira glis balia | mring Cakrapurastha nagri | matura mring Sri Bisana | ingsun kang mring Dwarawati | matur Sri Harimurti | Garèng matura gustimu | Rahadyan Dananjaya | enggaling kăndha gya sami | sampun lêpas katêlu sewangan lampah ||

49. ing marga tan winursita | nahên wau kang lumaris | wau ta malih kocapa | yeka kang satriya katri | kăntra antarèng runtik | sira Radyan Abimanyu | nyoba murwani ing prang | Bangbang Dwiastha kinalih | akalawan kang ari Bangbang Irawan ||

50. arame rêbut kadibyan | angadu guna kasaktin | prigêling saulah laga | kalawan wulêting kulit | tangkêping prang matangkis | ngatonkên atosing balung | gantya angkat-ingangkat | kalih angangkat tan kongkih | lir prabata bobote Bangbang Dwiastha ||

51. ngaya Dyan Ăngkawijaya | Bangbang Irawan bantoni | asta nganti angatirah | ngalènyèm kulite pitik | kang otot adaini | êntèk wanti-wanti mêtu | rambah-rambah tan obah | Bangbang Dwiastha tan osik | pinapêksa sarosa samya karasa ||

52. kabèh bêbalunge gograg | gumêtêr srirane sami | netra mêtokkên kêkonang | sumrêpêt panon naputi | wulu marêntul gêtih | netra pêtêng pating glêbyur | malês Bangbang Dwiastha | sampure [sampur...]

--- 31 ---

[...e] nyrèmpèt sathithik | lir cinuthat kalih pisan kapalêsat ||

53. duk ngangkat marang kang raka | karo mung lan asta siji | gampang panjunjunge ampang | binuwang tibane têbih | kantêb dhêpani siti | kantu adangu tan wungu | mawinga dukanira | ngantêb ing prang anêmêni | muntap krodha ing alaga salin gêlar ||

54. liru prabawaning laras | ya ta satriya kêkalih | parêng anggêdhêg gandhewa | sanjata prabawa mijil | naga gêng gêgilani | anggili galak nyênyêmbur | ngakak tutuke ngablak | ibêk ambrubul ing wuri | sru wurahan swaranira kumarasak ||

55. kang sisik mêngkap umangkas | awas mulat sang apêkik | sira Rahadyan Dwiastha | anggêdhêg gandhewa gênti | garudha gêng umijil | ngayuh ngawiyat sumiyut | niyupe yutan wêndran | pêtêng dhêndhêt nglêlimputi | pindha mêndhung lar mêlar nyilêm baskara ||

56. krura anambêri naga | matuk ngabruk nyêngkêrêmi | rêmêk kang naga prabawa | tanpa sesa tumpês tapis | papas kapêsan budi | kadya sinapon sirna syuh | Radyan Ăngkawijaya | tanpa jaya ing ajurit | parêng merang lan ari Bangbang Irawan ||

57. wuru kuwur kasuranya | kêsoring prabawa luwih | age anggêdhêg gandhewa | ingkang sara prabawagni | mubal-mubal ngèbêki | gêni gung sagunung-gunung | markata kantar-kantar | mubyar ambyar maratani | tunu [tu...]

--- 32 ---

[...nu] samya saisining wanawasa ||

58. satwa kawisesèng wawa | kabarasat rêbut urip | pating blêsar asasaran | samya ngungsi jurang trêbis | nyilêm ing kali-kali | ingêlut pating bilunglung | banyune mumpal-mumpal | sumob kêsalat ing gêni | bêlik sêndhang tlaga umob mawalikan ||

59. nimbangi Bangbang Dwiastha | ring kadang sêdya ngladèni | tandya anggêdhêg gandhewa | baruna prabawa mijil | mawor bajra ngin-angin | mêsês lesus lir pinusus | ngalun alêlumbungan | toya rob mangêlêm bumi | gunung-gunung gênêng silêp kalimputan ||

60. suh sirna padha sakala | kalindhih krodhaning warih | wor prahara aru-ara | puara wus mulih malih | ya ta satriya kalih | sakalangkung-langkung bêndu | Radyan Ăngkawijaya | anglêpaskên Pasopati | pêsatira jagade anjrit sêsambat ||

61. giri grêng gora gurnita | gara-gara bumi gonjing | jinjang sing Hyang Antaboga | samodra ru-ara atri | tintrim pra dewa miris | rumaras saking swarga gung | anggênggêng nèng gêgana | sarwi sawur sarwa sari | amahargya rèhing Dwiastha palêstha ||

62. sampurnane paripurna | pratamèng pranata titi | têtêp tumuwuh ing titah | miwiti têkèng mêkasi | kawisesa ing uwit | Pasopati wus tumanduk | jaja kang kaparjaya | tumancêp kacêp trus gigir | nyênyêp silêp anyalêmpit [anyalêmpi...]

--- 33 ---

[...t] iga-iga ||

63. akagyat Bangbang Dwiastha | asangêt ngunguning galih | de kang raka sakalihan | kolu nut ing nala lali | ing prang têmah nêmêni | nêmaha cidra ing pupuh | muntap krodha wikrama | mêkar gêngnya pitung wukir | amabangun prabawa bumi prakêmpa ||

64. gugup Dyan Ăngkawijaya | naracabala ngêbyuki | kumarêcêk jawah panah | Bangbang Dwiastha tanposik | nrucuk kêna jêmparing | pirang-pirang turut wulu | nulya Radyan Irawan | wingwrining tyas tistis miris | tan sarănta anglêpaskên sarotama ||

65. tumamane antuk jăngga | apagas lir nigas pacing | wau ta rêbahing angga | gumêbrug lir ruging giri | gara-gara gêng prapti | gêtêr-patêr guntur kêtuk | jumlêgur ngantariksa | ngakak dhèdhèt erawati | wanti-wanti lir ruwating jagat traya ||

66. pêtêng limput ngampak-ampak | têmpuh ampuhan nampêti | tăndha titising pandhita | utamèng pati patitis | putus pratisthèng sandi | kasidaning don linuhung | palêsthaning Dwiastha | ngèsthi pangasthawa jati | kang warana wus ruwat murwèng kamulyan ||

67. saluwaring gara-gara | rêp-rêp sirêp amarêngi | lawan muksaning kuwănda | tan dangu ana kapyarsi | swara wêning dumêling | amêmeling nala limut | hèh-hèh Ăngkawijaya | ing prang Bratayuda benjing | tanpa jaya sira apês kaprajaya ||

68. jinarah para Korawa [Ko...]

--- 34 ---

[...rawa] | sinupit urang rinampit | arujit kuwandanira | arang kranjang kyèh nir kanin | wêwalêsing pakarti | mati tatu tan kapupu | dene sira Irawan | Bratayuda tan mênangi | anèng marga cinêgat gulumu pêgat ||

4. Mêgatruh

1. gêtun ngungun satriya kalih kêluluh | kèluning nala kalalin | ananging linantur-lantur | tarlèn katingal sang dèwi | duk mangun ukêl nèng pangkon ||

2. kiswa mêmês gung kinuswa anggănda rum | mrak atine mikatoni | katêmu kuciwanipun | wicarane anyurnani | nancêp tyas rumasuk raos ||

3. èsmu ruruh rèhing asmara tumambuh | mimbuhi bot-boting brangti | manise sumungsun-sungsun | nganti têkan pucuk wèni | nawung sêdya kang winados ||

4. wau radyan kêkalih amêlak laku | lir pendah tan ngambah siti | sumêngka kêsusu pangguh | kang manggung ciniptèng galih | glisa liru sih karongron ||

5. lampahira datan winarna ing ênu | nêngna kang kêkênan kingkin | mangkana gantya winuwus | satriya ing Pringgodani | saking dirgantara anjog ||

6. jugag laku kalindhih kandhuhan wuyung | ngleyang ibure ngabêri | lêmpêr nglèmprèh anglêmpuruk | kapanduk driya wiyadi | sang dyah ingkang tansah katon ||

7. tan aketung sapanginang nrima lowung | ngluwari adrênging kapti | kapati-pati andarung | datan [...data...]

--- 35 ---

[...n] darana ing galih | ingambil sang dyah wus miyos ||

8. tanggap gupuh pinondhong nyemot cinucup | kang lathi sarwi ngarasi | kaduk grêgêt-grêgêt suruh | pinêtêk-pêtêk kinêmpit | têpi mintip murub abyor ||

9. mung rong nyari mingsêt ingiping prêmbayun | gumêbyar-gêbyar nêlahi | sawang wiwaling sitangsu | kasor kawisesa ing wil | duk lêmbu culung manyaplok ||

10. gêlung wudhar kang sêkar sumyur sumawur | rema meh kalangsrah siti | rêsmining gănda mrik arum | radyan angandika aris | dhuh yayi dewaning wadon ||

11. turutana si kakang kêna lara kung | sajêkku urip kumêthip | adoh sêdya ing dyah ayu | samêngko têka makingkin | kasmaran sira riningong ||

12. rangu-rangu nanging yayi saya dangu | tan kêna ingsun sayuti | praptèng pati ingsun têmpuh | sang dyah mung cat-catan myarsi | wau saliring wiraos ||

13. saking sampun sasat pêsat asmanipun | duk sang dyah kasilir angin | èngêt ngunandikèng kalbu | bêja têmên awak mami | nêmoni lêlakon elok ||

14. baya ta wus ubayaning bathara gung | atanggung-tanggung aurip | jêjêmbêri yèn kêbanjur | tan jujur susilèng laki | tan têtêp utamèng wadon ||

15. nulya matur alon anglêmêsi têmbung | sinasaban nêmbadani | kangmas kadang amba sêpuh | sapati urip tan gingsir | sumanggèng karsa sumaos ||

--- 36 ---

16. nanging ulun mugi udhuna rumuhun | amrih yogya sawatawis | ukêl lukar mawul-mawul | kleweran kasmêkan mingkis | nulya sinèlèhkên alon ||

17. sang surêtna sêrêng sêrêt aturipun | kangmas ing karsa kang aris | ngrantos benjing lamun sampun | praptèng puri ing sakapti | tan pisan mopo sapakon ||

18. mrih tan saru nadyan tan wontên sumurup | nanging dewa ngudanèni | tindak dudu kadya diyu | daya-daya umamrih sih | tan wigih saênggon-ênggon ||

19. duk angrungu Radyan Gathutkaca rêngu | curiganira tinarik | nanging tan yêkti ing kayun | mung kinarya angagari | pinrih ajriha kemawon ||

20. asru muwus awasna ing astaningsun | yayi apa kang sun pusthi | pêsthi umanjing jajamu | yèn sira nora nuruti | karsèng sun padha samêngko ||

21. sang kusuma mèksi sutiksnaning dhuwung | tan ngêdhap madhêp ing pati | tanpa sraba gya tinubruk | sang kusuma wus ngêmasi | muksa kuwănda tan katon ||

22. kantun swara lamat-lamat mawèh pemut | hèh Gathutkaca dèn eling | ing prang Bratayuda besuk | apês gunamu nêmahi | praptèng pati luwih asor ||

23. wit kausuk pangêsukira tanpantuk | yèn na tan ana belani | samaning satriya luhung | alulus tanpa pêpulih | tuna utamèng palugon ||

24. Gathutkaca sumlêngêrên [sumlê...]

--- 37 ---

[...ngêrên] anglir tugu | nglênggêr datan obah osik | gêgêtun dahat piduwung | arda kadêrênging budi | ngadoni tindak kêdudon ||

25. ing wêkasan tinukut kukut rinacut | mring pêpancèning kasukcin | marma mung sêdyarsa wangsul | panggih mring kang ari kalih | nanging maksih mandhêg mayong ||

26. ewuhaya derarsa umahyèng wuwus | wasana dènnya lumaris | tan lawan mahawan luhur | dharat wirandhungan rindhik | nahên wus tan cinariyos ||

27. gantya kocap anênggih ta lampahipun | Dyan Ăntasena winarni | kèndêl samadyaning dlanggung | kêsandhung ing gandrung ugi | mring kang rayi sang lir sinom ||

28. sinayutan tan surut saya kêdaut | kang rayi wus kinon mijil | saking jroning kancing gêlung | lênggah satata wong kalih | rahadyan ngandika alon ||

29. walèh-walèh apa yayi raganingsun | sru kasmaran mring sirèki | karon sih wirang yèn wurung | sun plaur milalu lalis | wêlasana awak ingong ||

30. ngăngka-ăngka kalakone among lulut | kapiluta ing mêmanis | kasor sarkarèng rum-arum | raras myang rêsmining sari | sariranta prasamya wor ||

31. marma ingsun mung narima ing sak sihmu | sumungku ginawe liring | tan larang sun tohi lampus | duk myarsa sang dyah muriring | muring-muring jroning batos ||

32. nging sinamur aris rêspatining [rêspa...]

--- 38 ---

tining atur | kangmas sangêt ngungun mami | pan paduka kadang sêpuh | dene sêpi tanpa budi | akadi tindaking asor ||

33. sasaring rèh tan pantês trahing aluhur | anglir êlur wrêjit cacing | calêmêr tanpa ampêlu | mêlur tan santosèng ati | tan atut tata kinaot ||

34. nguthuh rusuh anistha karêm mêmêruh | duwèking kadang taruni | rinewanga takêr marus | pantês angramatna putri | pinurwèng prang arêrêmpon ||

35. dupi myarsa radyan api-api bêndu | curiganira tinarik | asêrêng ngandika asru | yayi apa kang sun pusthi | pêsthi sira praptèng layon ||

36. yèn lumuha anglilani karsaningsun | sakala sang dyan ningali | lungiding curiga muwus | mêrêm sigra dèn rungkêbi | sang dèwi anulya layon ||

37. kuwandanya muksa maluyèng don luhung | nunggal salingganing wiji | jatining Dwiastha Wiku | kawêkasan wus mungkasi | palêstha pangèsthining don ||

38. datan dangu ana swara kang karungu | Ăntasena eling-eling | ing prang Bratayuda besuk | sira tan bisa mênangi | nêmu kukuming Hyang Manon ||

39. anêmahi pati lan tapakirèku | karana măngka nêtêpi | tabêting pakarti dudu | supadya dadya palupi | palang luputing lêlakon ||

40. langkung ngungun Ăntasena duk angrungu | bangêt nalăngsa ing galih | salahing solah linuluh | nulya lumaksana [lu...]

--- 39 ---

[...maksana] aris | mring ari arsa satêmon ||

41. agya panggih lan Dyan Gathutkaca gapyuk | rangkulan satriya kalih | pasaja apa tinêmu | miwiti malah mêkasi | kèksi sungkawèng tyas kasok ||

42. sakalihe nalăngsa anglês kêluluh | puluh-puluh priye yayi | yèn sun emut bangêt gumun | gène salawasku urip | rahayu tyas mring wong wadon ||

43. durung tau asmara marang wong ayu | pisan mèksia apsari | tyasku puguh tanpa keguh | gêpokan bae anjêgrig | gêgithok ingsun mangkorog ||

44. mêngko têka bingung kaya kênèng dhuwung | baya cobaning dewadi | salah kêdadèn agandrung | andarung kêdêrêng apti | untaping asmara êndon ||

45. andêrpati kêpati kudu salulut | kang rayi umatur aris | kangmas kawula ing wau | pan inggih samantên ugi | tan siwah samya kemawon ||

46. luwung-luwung kangmas wontên ampangipun | pangupataning pêpeling | wirange datan kêsuwur | kajuwara jroning jurit | tan dadi tontonaning wong ||

47. kacèk apa yayi yèn uwus rinacut | kêtrucuting ala bêcik | kadadin uwus tumanduk | sayêktine padha ugi | ugêring kawêkas awor ||

48. yèn pinikir yayi malah luwih sukur | siku kukuming dewadi | pinardi padha duk idhup | wus sah

--- 40 ---

nora utang silih | aran pangrêsiking raos ||

49. yèn tinandho ngêndhong dosa duk ing idhup | kalis tan ana malêsi | nglabêti rahsaning lampus | dumulur dêlahan benjing | umanjing jatining raos ||

50. kang wus lulus ing salawase kadurus | drawasa siksaning pati | têtêp kêtutuping pintu | pamintaning pangaksami | umalik rasaning layon ||

51. lawan malih yayi patut dadi pemut | pamèting rahayu budi | mring rèh rubedaning jalu | witing tuwuh sihing èstri | saking saput sêpining wong ||

52. pan wong wadon tan yogya kulinèng kakung | padha dhewe tanpa kanthi | kanisthane cêpak thukul | saking sathithiking wèsthi | panduwa rèhing kêdudon ||

53. Gathutkaca ing cipta pan sampun cundhuk | cumondhong wasitotami | têmu nême wus dumunung | dyan samya tumindak aris | raka ari akarongron ||

54. arsa panggih lan kang rayi kalihipun | glising carita wus panggih | ari kalih parêng matur | pundi kangmas yayi dèwi | ulun onêng arsa anon ||

55. ingkang raka karo parêng aris muwus | sumurupa sira yayi | kêtiwasan lakuningsun | mau kalane nèng margi | arimu murih maringong ||

56. jaluk mijil saking jroning kancing gêlung | sawuse sun pituruti | têtanya gatining laku | ingsun lirwa sun walèhi | kabèh [ka...]

--- 41 ---

[...bèh] saliring lêlakon ||

57. sanalika nuli patrême ingunus | nora sraba dèn rungkêbi | ngêmasi kuwandanipun | muksa wus datan kaèksi | ngupatani mring wak ingong ||

58. amiwiti mêkasi titi tinutur | ari kalih duk miyarsi | wotsari gênti umatur | saliring rèh kang pinanggih | prasamya parêng prihatos ||

59. dhuh kakang mas paran rèh prayoginipun | badhe dhumawahing silip | salah silaning tumuwuh | kangjêng rama yèn udani | tan wande dahat binêndon ||

60. tuwin malih kangjêng uwa watakipun | satriya ing Jodhipati | ngadil datan kadang sunu | sanadyan badan pribadi | lamun lampah lêpat awon ||

61. tan angeman atêmah tinraping kukum | ing mangke kangmas suwawi | kesah ing sapurug-purug | nilib anulak bilai | aluru rèh karahayon ||

62. ingkang raka kêkalih maluyèng wuwus | kaya yayi tan prayogi | iku malah luput muput | pêpantoge tan pinanggih | saênggon-ênggon tan tanggon ||

63. nora têtêg mung manggung gumantung-gantung | ringga-ringga sănggarunggi | luwung enggala pinangguh | lara penak dèn sanggêmi | tan suminggah ènthèng abot ||

64. banjur rampung pedah apa dèn dêdangu | dêdawa wisayèng ati | wong dosa tandhinge ukum | lamun durung dèn lakoni [lako...]

--- 42 ---

[...ni] | aran durung pêdhot-pêdhot ||

65. marma yayi yèn sira nurut maring sun | payo maring Dwarawati | padha sowan uwa prabu | angaturkên pati urip | walèh saliring lêlakon ||

66. sampun kumpul wau kang satriya catur | cinarita gya lumaris | larasing luput pinuput | pêpuntone mung ngantêpi | ing wuntat kang wus kalakon ||

5. Pangkur

1. ala ayu rusak arja | mapan sampun kapurbèng jawata di | wajibe wong nêmu luput | tarlèn mêlêng panlăngsa | tyas santosa sanityasa amêmasuh | supayantuk pangaksama | wong agawe ala ugi ||

2. ana ugêre sinotyan | murih ilang labêting ala mulih | dadi bêcik lir duk wau | mêruhi nora kewran | warananing ala ngalela kadulu | dêdalaning sangkan paran | ingaran sampurnèng budi ||

3. wau kang ulah panlăngsa | nêngna gantya ing wuwus kang winarni | kacarita kocapipun | Dwarawati nagara | Sang Aprabu Krêsna sajuga rinuju | marêngi lênggah sinewa | pinarêk ingkang para ri ||

4. kang kaparèng ngarsa nata | ingkang rayi satriya Jodhipati | ajêjêg ing adêgipun | Dyan Arya Warkodara | Dyan Pamade pangadhêpe makidhupuh | pêdhak lan Rahadyan Sămba | tanapi Arya Satyaki ||

5. kocapa Bathara Krêsna | kawarnaa duk wau amarêngi | nitipriksa aturipun | yeka Ki

--- 43 ---

Lurah Sêmar | miwah Garèng arèntès dera umatur | yêktine kang kinawruhan | nora kurang nora luwih ||

6. tulus tulèning pratela | tètèh jlèntrèh wèntèh kang samya myarsi | salêsih saliring laku | lêkas têkèng kawêkas | nora baukapine mung guru lugu | gadgada Sang Aryasena | lan ari Radyan Pamadi ||

7. duk myarsa samya sakala | sakalangkung-langkung kurda mawêrdi | wadana malatu-latu | lir murub ngalad-alad | sruning bêndu kang tingal ngukus kumêlun | muntaping pangănta-ănta | kapan-kapana kapanggih ||

8. nênggih putra kapat pisan | pan sêdyarsa winêjêg dèn jêjuwing | dèn jur têka kumur-kumur | suka lila balia | dadi banyu kadi duk ing wau-wau | wau kaduk sêdhêngira | kang padha duka mring siwi ||

9. wuwusên tan dangu prapta | putra kapat parêng marêk sang aji | kumêl kèndêl mung tumungkul | muka konjêm ing kiswa | makidhupuh mung idhêp madhêp ing lampus | kapusthi pangèsthinira | wus pinupus ing pêpêsthin ||

10. was-was kang samya sumewa | sruning marma parêng bela prihatin | netra sami umrêbêl luh | sêpi tanpa sabawa | Sang Aprabu Krêsna ris ngandikanipun | dhuh yayi mas Wrêkodara | tanapi kaipe yayi ||

11. dèn sarèh rèrèh ing karsa | ywa kêsusu kasêrêng ing tyas runtik | nuruti ubaling kalbu | kalêbu kaya bocah | bêcik sabar [sa...]

--- 44 ---

[...bar] sabarang rèh lan rinêmbug | arêp nêsu mono gampang | mêngko kêtêmu ing wuri ||

12. sun kăndha padha rungokna | jroning Wedha gajêg ana kang muni | mardi wêwadining tuwuh | ala bêcik kapurba | duk bakale wus kinardi dadinipun | pambabare mung sadarma | tan ana wênang ngowahi ||

13. mulane yèn anak ala | dumulure saturun-turun wuri | wus ginawe pra lêluhur | nguni ing ngarsa-ngarsa | ingkang wuri mung kari darma lumaku | lambange kanggo panglimbang | wong muwus alaning siwi ||

14. iku yayi padha uga | lawan janma koncatan ing cêcêrmin | cilorengan kunir apu | kêsêpèn ing pangrasa | gêra-gêro anggêpe songah sêsêngung | pangirane singa rodra | tan wruh padha dèn ewani ||

15. miwah yayi sumurupa | wong micara marang cirining siwi | sanak kadang warganipun | kalêbèng paribasan | ngothèh-othèh sêsukêr nèng sajronipun | bathok bathine mung nyiprat | maring badane pribadi ||

16. mangkana Dyan Aryasena | lawan ari sira Radyan Pamadi | duk myarsa wasitanipun | raka Sang Prabu Krêsna | bêndunira sirna suh sasat sinapu | apêpês apês kapapas | lêpasing kang wasita di ||

17. dumadya dahat nalăngsa | anênuwun pangaksamèng dewadi | Sri Krêsna awas andulu | mring ari kalihira | winatawis wus lilih ing galihipun [galih...]

--- 45 ---

[...ipun] | tandya malih angandika | yayi sun tutugkên malih ||

18. duk ing mau wuwus ingwang | sajatine atmajanira yayi | Bangbang Dwiastha karuhun | karo lan garwanira | iku yayi padha panjanmaning wiku | dibya Sang Rêsi Dwiastha | ing asrama Giritunggil ||

19. nguni duk sêdyarsa muksa | yuda sandi jroning muja samadi | liru kawasa lan ingsun | asih marmane Suksma | duk wasesa bisa bêlah dadi têlu | bali marang ngarcapada | tan sida widada jati ||

20. siji janmèng atmajanta | iya iku Kaki Dwiastha yayi | lan mring karo garwanipun | yèn suwe nora ruwat | amlasarsa sun mèlu kêlèpèt luput | têtêp kêpotangan nandhang | ing paran ngandhêg-andhêgi ||

21. mangkana Sang Prabu Krêsna | nulyandangu mring putra kapat sami | samana Sang Bimasunu | lan Risang Partaputra | parêng nêmbah wus katur sadayanipun | saliring rèh lêlampahan | ing purwa madya mêkasi ||

22. Sri Krêsna dupi miyarsa | myang pra ari miwah ingkang sumiwi | prasamya sangêt angungun | eloking lêlampahan | têmah samya bela nalăngsa kalangkung | kêluluh ing kaluputan | pinuput mupus pêpêsthin ||

23. Aryasena asru nabda | Kakang Jlithêng ujarmu kang kawijil | kabèh bênêr tan aluput | alêmpêng kaya sipat | mung sathithik anggonmu utang

--- 46 ---

sang wiku | Dwiastha mêmalang lampah | palêstha èsthining pati ||

24. têka sira datan arsa | anyauri yèku ngruwat pribadi | dadak nganggo akêkudhung | têtèdhèng Aswasena | Gathutkaca Irawan lan Abimanyu | kêtêmpuh tămpa upama | tan utang kinèn nyauri ||

25. mèsêm Sri Bathara Krêsna | dhuh dhuh yayi aywa kaliru tampi | iku dudu panggaweku | yayi sira priyăngga | kang akarya barang kabèh kang tinêmu | marang para putranira | nging sira durung udani ||

26. dening maksih kasamaran | mring pamoring siji dadi sakêthi | kayaktène kang satuhu | etungan yutan wêndran | sapa ingkang makarti sakèhing petung | bisa babar baran kirnan | tarlèn mung kapurbèng siji ||

27. wau Radyan Wrêkodara | dhêlêg-dhêlêg angglêg dangu tan angling | nglênggana kalirunipun | linuhuran ing sabda | Sang Aprabu Krêsna lon ngandikanipun | samêngko kaya prayoga | yayi gênti kang pinikir ||

28. krodhane yayi Bisaka | nora wurung sulung alêbu gêni | anglabuhi mantunipun | lawan patining putra | tarlèn sira kang kudu padha kêbubuh | marma dèn samya prayitna | bêbaya kang bakal prapti ||

29. anginanga durung abang | myang idua durung sat wus kapyarsi | ing jawi gègèr gumuruh | praptane Sri Bisaka | saha wadya suradira soroh amuk | kang katrajang [katra...]

--- 47 ---

[...jang] sirna gêmpang | dhadhal tan ana ngundhili ||

30. Aryasena myang pra kadang | lawan putra sun samya mijil jawi | aparêng amapag pupuh | Sang Aprabu Bisaka | amusthi hru pêparinge bathara gung | arane Argawijaya | pangwasane angluwihi ||

31. wau kang para Pandhawa | miwah putra kataman ing jêmparing | parêng samya lêbur tumpur | pêjah pating sulayah | anggêlasah kèhing wangke sungsun timbun | mawor lan turăngga liman | ing palagan mili gêtih ||

32. gita Sri Bathara Krêsna | duk tumingal patining kang para ri | tanapi putra sadarum | lan sagung wadyabala | ambalasah tundha-tundha tumpuk undhung | krodha mangun triwikrama | jlêg sawukir pitung wukir ||

33. kawasaning Hyang Kesawa | gora sabda lir guntur gêgêtêri | bumi gonjit lir kêbandul | jinangkah kadi bêlah | mèh kêbalik pangglewange amangayun | Prabu Bisaka tumingal | nglumpruk mangkurêp ing siti ||

34. tistis tyas mung ketung tiwas | nêmbah-nêmbah lan asrah pati urip | kalangkung nalangsanipun | mêmêla mêlasarsa | ngasih-asih panangise kapyarsa sru | mung nênuwun pangaksama | ing samăngsa sinung urip ||

35. prasêtyèng dunya dêlahan | angawula satêdhak turun wuri | wau ta Sri Krêsna Prabu | mudhar wikramanira | wus waluya mulih lir duk wau-wau | ing warna Wisnu Bathara | nulya angandika [a...]

--- 48 ---

[...ngandika] aris ||

36. yayi dèn kaparèng ngarsa | sun jatèni liring lêlakon iki | wus dèn warahkên sadarum | mring ari Sri Bisaka | amiwiti têkèng kawêkasanipun | pantês yayi prabu sira | suka sukur ing dewadi ||

37. dene yayi gurunira | wus waluya maring don kang sajati | palêstha pangèsthinipun | kasidaning Dwiastha | sêsandine wus winardi dadi kumpul | sampurna pamoring tunggal | langgêng nora owah gingsir ||

38. balik kaluputanira | dera karya akèhing kang pêpati | papa apa kang tinêmu | dosa gêdhe mring dewa | paran yayi pangupaya kang mrih ayu | pêpulihing kaluputan | antuk apuraning Widhi ||

39. Sri Bisaka aturira | tarlèn namung sumanggèng sakarsa ji | Sri Krêsna malih lingnya rum | yayi iya manawa | maksih ana sih pitulunging dewa gung | ingsun yayi Bisakarya | waluyèng uripie malih ||

40. mêmulih ing luputira | nanging apa pitukonira yayi | Sri Bisaka nêmbah matur | dhuh kaka ji bathara | amba atur ubaya lan sêtya tuhu | ing benjang prang Bratayuda | dadosa bantêning jurit ||

41. sawadyabala sadaya | datan sêdya angeman-eman pati | alabuh parênga lêbur | lan para ri Pandhawa | Prabu Krêsna sakalangkung sukanipun | saksana manungku puja | nênuwun mring jawata di ||

42. ngambil Wijayakusuma |

--- 49 ---

ingungkulkên sagunging kadang sami | myang putra sadayanipun | miwah sawadyabala | ingkang samya mati samadyaning pupuh | anulya padha sakala | waluyèng uripe malih ||

43. gumrubyuk marêk Sri Krêsna | mangsah nêmbah gênti-gênti ngabêkti | sami kasok suka sukur | mêmuja mring jawata | mudhar karsa luwar sêsikuning kalbu | kabalabur ing bojana | ăndrawina amartani ||

44. kukuse kèksi ngujwala | laju jujur arjaning sapraja di | purwa wasana winangun | nênangi pangastawa | pratiwendra satriya tanapi ratu | nahên têntrêming nagara | tamat pamèting palupi ||

__________

--- I ---

Sawêg Ambabar Enggal

Arjunawiwaha, ingkang ugi nami Sêrat Mintaraga, wontên ing basa Kawi anggitanipun Rêsi Kano, karsa dalêm ingkang sinuhun kangjêng susuhunan ingkang kaping III ing Surakarta, kaikêt têmbung Kawi jarwa sêkar macapat. Anyariyosakên Sang Hyang Endra utusan anggodha tapanipun Radèn Arjuna wontên ing Drêkila, sesilih Bagawan Mintaraga, salajêngipun amêjahi Prabu Niwatakawaca, winiwaha kamulyan kajumênêngakên nata wontên ing Endrabawana, jêjuluk Prabu Endratanaya, anggarwa apsari pêpitu ingkang asal saking Mulat. Ngantos dumugi kondur dhatêng Ngamarta. Tamat.

Rinêngga ing gambar 4 iji, langkung èdi pèni garapanipun.

1 buku rêgi f 2.- prangko ing pos f 0,15.

Amurwakala.

Anêrangakên kamulanipun Bathara Kala, papêsthèning tiyang ingkang dados mêmangsan, daruna saking lêpatipun piyambak, pamberatipun saking patrap pangruwat amrih oncat saking bilai. Pêrlu sangêt kangge ngakathah, dados sagêd sumêrêp wosing gêsangipun.

1 buku rêgi f 0,55 prangko ing pos f 0,10.

--- II ---

Bawa Sagerongipun.

Iyasaning sarjana ingkang lêbda ing gêndhing, amurih gampil panganggening bawa, ngangge bawa sêkar macapat, dhumawahing gêndhing kagerong warni-warni, ingkang sagêd laras kalihan kawontênanipun. Botên ngangge: Anoman malumpat sampun, enz. enz. ingkang babar pisan botên cundhuk kalihan raos-suraosipun, tuwin animbangi yêyasan dalêm Mangkunagaran, nanging mêndhêt gerong bangsaning manuk-manuk tuwin ulam-ulaman, ngangge purwakanthi mêmêt. Mila ngangge bawa sarta macapat, amung amrih gampil panganggening bawa.

1 buku rêgi f 0,75 prangko ing pos f 0,10

Kawruh Sanggama.

Gancaran, anggêlarakên patrap sarta mantranipun sarêsmi, damêl marêming wanita saha prayogi dadosing putra. Isinipun: I Bêbuka mula bukaning kawruh sanggama, II pirantos cumbana, III pirantos tumrap wanita, IV patrap ingkang mikantuki, tuwin mantranipun, V ngangge asmaragama lampah: catur brata, VI rubedaning cumbana kabengkas, VII pangruktining sarira sarana jêjampi, VIII turuning wiji winadi, IX panunggilanipun aji asmaragama, inggih punika: asmarasabda, asmaracipta, asmarawanita, asmaratăntra dalah samantranipun, kinathèn gambar: raosing wanita.

1 buku rêgi f 1.- prangko ing pos f 0,13.-

--- III ---

Kapracayan.

Gancaran, amratelakakên gambêlanging pracayan gaib: 1 liripun pracaya, 2 wontênipun Pangeran, 3 malaekat tuwin setan, 4 nabi duta, 5 Kitab Kuran pangandikaning Pangeran, 6 suwarga, 7 naraka, 8 papêsthèning lêlampahan, 9 dintên kiyamat, 10 kapracayan limrah. Sadaya punika kawijangakên satunggal-tunggal, kenging kanyatakakên.

1 buku rêgi f 0,80, prangko ing pos f, 10.

Wulangrèh: Lugu. Mawi Sêkar.

Iyasan dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping IV ing Surakarta. Dados Sêrat Wulangrèh punika kenging kula wastani Sêrat Wulangrèh lugu, dene sampun botên gèsèh samêndhang kalihan luguning babonipun. Amila para langganan mênawi badhe karsa maos luguning Wulangrèh amundhuta Wulangrèh babaran enggal punika, saèstu botên badhe cuwa raosing panggalih.

1 buku rêgi f 0,75 prangko ing pos f 0,10.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


Lebih satu suku kata: kêlawan kalak kênanga. (kembali)
nora. (kembali)
sêngkêran. (kembali)
tibèng. (kembali)