Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80)

Judul
Sambungan
1. Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 01-39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
2. Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang
Citra

8. RAMA AKÈN DAMÊL TAMBAK ING SAGANTÊN, KALAMPAHAN DADOS.

Kacariyos Rama ingkang masanggrahan wontên ing rêdi Maendra; sakalangkung prihatos ing galih, angèngêt-èngêt ingkang garwa. Botên antawis dangu bala kêthèk sami kagèt aningali pêtêng ing awang-awang, danawa kathah ingkang katingal, inggih punika balanipun Wibisana. Bala kêthèk sami gègèr, anarka yèn Prabu Dasamuka rawuh badhe anukup Rama. Lajêng sami angaturi uninga dhumatêng Rama.

Anuntên Anoman mumbul dhatêng ngawang-awang, badhe angyêktosakên ingkang tinarka mêngsah wau. Lajêng kapanggih kalihan Wibisana, saha kapitakenan ingkang dados lampahipun.

Wibisana anyariyosakên sakathahing pratingkah, kalanipun amituturi ingkang raka Prabu Dasamuka, botên kadhahar lajêng katundhung, ing mangke sumêdya sowan saha ngabêkti dhumatêng Rama.

Anoman lajêng angunjuki uninga dhumatêng Rama, bab dhatêngipun Wibisana, saha mratelakakên ingkang dados bêbuka kesahipun saking nagari ing Ngalêngka, tuwin ingkang dados kaniyatanipun badhe suwita dhumatêng Rama.

Rama sakalangkung suka pirênaning galih, lajêng dhawah angirid Wibisana dhatêng ngarsanipun. Sasampuning kerid saha katampèn pangabdinipun, anuntên kaanggêp mitra dhumatêng Rama.

Rama lajêng anggalih anggènipun badhe anglurug dhumatêng nagari ing Ngalêngka, ananging botên sagêd ambudi marginipun, ingkang badhe kaambah ing bala kêthèk, awit namung pangagênging kêthèk ingkang sagêd ngambah ngawang-awang.

Anuntên sagantên dipun lêpasi jêmparing latu, karsanipun supados asata, lajêng kenginga kaambah ing bala kêthèk.

Sagantên sarêng kadhawahan jêmparing latu utawi bramaastra, toyanipun lajêng panas saha umob. Sakathahipun isèn-isèning sagantên sami kasusahan, amargi botên bêtah panasing toya.

--- [40] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 1 dari 17
Bala kêthèk sami amêndhêta rêdi tuwin sela

--- 41 ---

Anuntên Hyang Baruna, dewa ingkang rumêksa sagantên, kagèt aningali aru-araning sagantên saisinipun. Lajêng mêdal saking sagantên, badhe sumêrêp ingkang dados sababipun. Botên antawis dangu aningali kêthèk kathah sami wontên pinggiring sagantên, wontên wingkingipun Rama, ingkang taksih angasta gandhewa.

Hyang Baruna narka Rama ingkang adamêl aru-araning sagantên, lajêng lênggah sanginggiling toya, saha anyêmbah dhumatêng Rama, aturipun angrêrêpa, amurih lilihing dukanipun Rama, supados anyirnakna aru-araning sagantên, sampun ngantos adamêl karisakaning isèn-isènipun sagantên. Anjawi saking punika, sanajan sagantên asata, inggih sangêt sungilipun, botên kenging kaambah ing bala kêthèk. Pratikêlipun Hyang Baruna, Rama andhawahna parentah dhumatêng sawarnining bala kêthèk, sami amêndhêta rêdi nyatunggal, kadamêl anambak sagantên. Tambak punika ingkang badhe dados marginipun bala kêthèk, sagêdipun nyabrang ing sagantên.

Rama sarêng dipun rêrêpa dhumatêng Sang Hyang Baruna, luntur kawêlasanipun, lajêng anglêpasakên jêmparing toya, kadamêl anyirêp Bramaastra wau.

Ing sasirêpipun Bramaastra, sawarnining isèn-isènipun sagantên sami bingah, amargi sampun sirna panasing toya sagantên. Anuntên Sang Hyang Baruna nyêmbah dhumatêng Rama, lajêng silêm ing sagantên.

Rama lajêng adhawah dhumatêng Prabu Sugriwa, kapurih andhawahana sawarnining bala kêthèk, sami amêndhêta rêdi tuwin sela, ingkang badhe kadamêl anambak sagantên.

Bala kêthèk sarêng dipun dhawahi dhumatêng Prabu Sugriwa, lajêng sami mangkat pêpêrangan, angusungi rêdi tuwin sela agêng-agêng, sami kaprênahakên wontên têmbinging sagantên.

Sasampuning bala kêthèk ingkang kautus angusungi rêdi tuwin sela wau sami wangsul sadaya, anuntên bupati kêthèk satunggil anama Anala, ingkang pinopohan amratikêlakên panambakipun ing sagantên. Sakathahing rêdi tuwin sela wau sami kacêmplungakên ing sagantên, wusana tambak lajêng dados. Saking êlèr mangidul notog têmbing sagantên, panjanging tambak lampahan pitulikur dintên, wiyaripun lampahan tigang dintên. Anuntên Rama andhawahakên parentah, angêrig sarta

--- 42 ---

ambidhalakên bala kêthèk dhumatêng ing Ngalêngka. Botên antawis dangu lajêng sami bidhal, mêdal ing tambak damêlanipun Anala. Lampahipun sampun anyabrang ing sagantên, dumugi ing rêdi Suwela, kaprênah salèripun nagari ing Ngalêngka. Sakathahing danawa ingkang wontên ing rêdi Suwela wau sami bibar, amargi saking ajrih dhumatêng bala kêthèk.

9. PRABU DASAMUKA DAMÊL PAEKA.

Prabu Dasamuka sarêng midhangêt pawartos, yèn sagantên sampun katambak dhumatêng Rama, sarta balanipun sampun sami nyabrang, kèndêl wontên ing rêdi Suwela, sangêt prihatosing galih.

Sarèhning Dèwi Sinta botên animbangi sihipun Prabu Dasamuka, sang nata lajêng damêl paekan, amurih kasêmbadaning karsanipun dhumatêng Dèwi Sinta. Mênggah paekanipun makatên: Prabu Dasamuka kagungan abdi bêboyongan jalêr kêkalih kakang adhi, sami bagus warninipun. Punika katigas gulunipun, kadamêl sêmang mastakanipun Rama akalihan Laksmana, lajêng andikakakên ambêkta dhumatêng ing Tamansoka, sarta andêdahakên dhumatêng Dèwi Sinta, kaawadakên mastakanipun Rama akalihan Laksmana. Pangangkahipun sang nata, bilih Dèwi Sinta midhangêt yèn Rama sampun seda, amêsthi mupus, lajêng amiturut ing sakarsanipun sang nata.

Botên antawis dangu sang nata piyambak têdhak dhumatêng Tamansoka, awêwartos dhumatêng Dèwi Sinta, yèn Rama akalihan Laksmana sampun kapêjahan dhumatêng sang prabu. Sirah kêkalih wau lajêng kadêdahakên.

Dèwi Sinta sarêng aningali sirah kêkalih, sangêt kagèt lajêng anjêrit, angintên sayêktos yèn Rama sampun seda. Ewadèntên sang dèwi taksih ewa dhumatêng Prabu Dasamuka, panyuwunipun mugi kabelakna ing pêjahipun Rama.

Ananging sang nata botên anuruti karsanipun sang dèwi, malah kathah-kathah pangandikanipun angarih-arih, amurih lunturing sihipun Dèwi Sinta.

Pangarih-arihipun Prabu Dasamuka andadosakên rêngating galihipun Dèwi Sinta, ngantos kawiyos pangandikanipun ingkang saru dhumatêng sang nata.

--- [43] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 2 dari 17
Dèwi Trijatha lajêng wangsul dhumatêng kadhaton ing Ngalêngka ...

--- 44 ---

Prabu Dasamuka sangêt duka saha lingsêm, lajêng kondur saking Tamansoka.

Prabu Dasamuka sakonduripun saking Tamansoka angadhaton, lajêng animbali para nujum kapurih ambudia èlmu pangasih, saha pangapêsaning mêngsah.

Sakonduripun sang nata, Dèwi Sinta sangêt ing pamuwun saha pasambatipun, angintên yèn Rama saèstu sampun seda, kêkahing cipta badhe obong. Ananging Dèwi Trijatha, putranipun Wibisana, anggendholi, saha anyariyosi angsal pawartos, yèn Rama sampun rawuh ing nagari Ngalêngka, amasanggrahan wontên ing rêdi Suwela, punapadene yèn ingkang rama sampun ambalik tumut dhumatêng Rama.

Dèwi Sinta sarêng amidhangêt aturipun Dèwi Trijatha, sumêdhot galihipun, lajêng mundur anggènipun anungkuli sirah kêkalih. Dèwi Trijatha anuntên kautus lumampah dhumatêng ing rêdi Suwela, angyêktosakên rawuhipun Rama.

Dèwi Trijatha enggal lumampah dhumatêng rêdi Suwela, mêdal ing ngawang-awang, kapanggih akalihan ingkang rama, lajêng anyariyosakên sakathahing pratingkahipun Prabu Dasamuka, anggènipun amurih kadugèning karsanipun dhumatêng Dèwi Sinta. Ananging Dèwi Sinta kêkah ing panampik dhumatêng mêmanisipun sang nata, malah sumêdya anganyut tuwuh sarêng kawartosan yèn Rama sampun seda. Wusana amratelakakên yèn kautus dhumatêng Dèwi Sinta, angyêktosakên pawartos wau.

Sakathahing pratelanipun Dèwi Trijatha kaaturakên dhumatêng Rama, sarta Dèwi Trijatha inggih kasowanakên dhumatêng ngarsanipun Rama. Sarêng sang dèwi sampun sumêrêp yêktosing doranipun Prabu Dasamuka, bab sedanipun Rama, lajêng kadhawahan mantuk tumuntên, supados sagêda enggal suka pawartos dhumatêng Dèwi Sinta, yèn Rama taksih wilujêng wontên ing rêdi Suwela. Dèwi Trijatha lajêng wangsul dhumatêng kadhaton ing Ngalêngka, apratela dhumatêng Dèwi Sinta, yèn Rama saèstu sampun masanggrahan wontên ing rêdi Suwela, sumêdya angrampid kitha ing Ngalêngka, saha ing mangke sawêg anggalih prayoginipun lampah-lampahing pêrang.

Dèwi Sinta sarêng dipun wartosi makatên, sakalangkung suka pirênaning galih, sakala sirna prihatosipun. Lajêng amuja

--- 45 ---

sêmadi, anênêdha ing dewa karaharjanipun ingkang raka sarta unggulipun ing pêrang.

10. TÊLIKIPUN PRABU DASAMUKA KADÊNGANGAN. DASAMUKA DIPUN ANTÊP.

Kacariyos Prabu Dasamuka, andhawahakên parentah dhumatêng para punggawanipun, amanjêr daludag sauruting radinan, sarta ing ngajêng griyanipun para bupati, punapadene angêrig sawarnining bala danawa, kakarsakakên sami pacak baris.

Sang nata lajêng animbali bala danawa satunggil, anama Sukasrana, punika andêl-andêlipun Prabu Dasamuka ing bab lampah sandi, kadhawahan anêlik dhumatêng rêdi Suwela, anacahakên bupati tuwin balanipun Rama.

Sukasrana enggal mangkat, mêdal ing ngawang-awang. Sadhatêngipun ing rêdi Suwela, lajêng amalih warni kêthèk, anunggil lênggah para punggawa kêthèk. Botên wontên ingkang sumêrêp.

Botên antawis dangu Wibisana sumêrêp, yèn Sukrasana malih warni kêthèk, anunggil para punggawa, lajêng andhawahakên parentah anyêpêng saha ambêsta. Sukasrana sasampuning kacêpêng sarta kabêsta, kasowanakên ing ngarsanipun Rama. Kadangu angakên kemawon, yèn kautus dhumatêng ratunipun, anêlik kathah kêdhiking punggawa sarta bala kêthèk.

Pirêmbagipun Wibisana dhumatêng Rama, prayogi yèn Sukasrana kapêjahana. Ananging Rama botên karsa, awit panggalihipun nistha, yèn ngantos amêjahana utusan. Sukasrana lajêng kaluwaran sarta kalilan mantuk.

Sukasrana sawangsulipun saking rêdi Suwela, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, amratelakakên lampahipun kautus anyandi wau, tuwin nalikanipun kacêpêng. Sasampuning têlas aturipun, lajêng anyaosi pirêmbag dhumatêng sang prabu, sampun ngantos amêngsah Rama, malah kasêbut nama utami yèn amangsulna Dèwi Sinta, supados sang nata sampun ngantos manggih dêdukaning dewa, têtêpa amêngku nagari Ngalêngka. Ananging Prabu Dasamuka botên andhahar sakathahing aturipun Sukasrana, malah andadosakên rêngating galihipun.

Kacariyos Rama, ingkang masanggrahan wontên ing rêdi Suwela; apirêmbagan kalihan para punggawa kêthèk, mênggah prayoginipun

--- [46] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 3 dari 17
Anggada lajêng wangsul dhatêng rêdi Suwela ...

--- 47 ---

ingkang linampahan. Pamrayoginipun Rama, badhe angantêp karsanipun Prabu Dasamuka, punapa ingkang katartamtokakên: anyiyosakên pêrang utawi bêdhami lajêng amangsulakên Dèwi Sinta. Wondening ingkang pinilih lumampah dhumatêng Ngalêngka, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, putranipun Prabu Subali ingkang sampun seda, anama Anggada.

Anggada sarêng sampun anampèni dhawah, enggal mangkat dhumatêng Ngalêngka, sowan ing ngarsanipun Prabu Dasamuka, saha amratelakakên lampahipun kautus wau.

Prabu Dasamuka kêkah botên karsa amangsulakên Dèwi Sinta, amilalah pêrang akalihan Rama. Anggada lajêng wangsul dhatêng rêdi Suwela, angaturakên angsal-angsale anggènipun kautus.

11. CAMPUH PÊRANG NGANTOS DUMUGI PÊJAHIPUN PRABU DASAMUKA.

Rama lajêng andhawahakên parentah, angêrig bala kêthèk kakarsakakên sami apradandosan badhe pêrang.

Ing saunduripun Anggada saking ngarsanipun Prabu Dasamuka, sang nata inggih andhawahakên parentah amêpak bala danawa, amirantosa sadêdamêling pêrang.

Bala ing Ngalêngka sampun sami pacak baris wontên sajawining kitha. Rama sabalanipun lajêng bidhal saking rêdi Suwela, badhe anglurugi nagari ing Ngalêngka. Sawarnining kêthèk sami ambêdholi wit-witan, sawênèh mêndhêt sela, tuwin ambêdholi rêdi; punika sadaya badhe minangka dêdamêlipun.

Pangangsêgipun bala kêthèk sampun dumugi sajawining kitha ing Ngalêngka; kitha sampun kêmput kinêpang ing balanipun Rama. Anuntên Prabu Sugriwa andhawahakên parentah dhumatêng para punggawa, têrang saking karsanipun Rama, botên kalilan amiwiti pêrang, angêntosana panêmpuhipun bala danawa.

Sarêng Prabu Dasamuka midhangêt pawartos, yèn mêngsah sampun angêpang kitha, lajêng andhawahakên parentah anêmpuh ing pêrang. Arame tanglêdipun danawa akalihan kêthèk. Kathah danawa tuwin kêthèk ingkang pêjah; dangu-dangu bala kêthèk sami alit manahipun aningali kancanipun kathah pêjah, lajêng sami bibar. Prabu Sugriwa sarêng sumêrêp, yèn bala kêthèk kapalajêng, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng Anoman,

--- [48] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 4 dari 17
Prajangga, amêdali ing paprangan ...

--- 49 ---

Anala, saha Anila, kapurih ambiyantonana ingkang sami kaplajêng wau.

Anuntên punggawa têtiga wau sami lumampah, amêmurun dhumatêng kêthèk ingkang sami kaplajêng. Botên antawis dangu mêdal malih kapurunanipun, lajêng wangsul saha tanglêd malih kalihan danawa. Anoman kalihan Anala, punapadene Anila, ambiyantoni. Danawa kawon, sarta kathah ingkang pêjah. Sakawonipun bala danawa, gajahipun Prabu Dasamuka kaangsahakên pêrang, kathah angsalipun pêpêjah kêthèk alit-alit. Prabu Sugriwa tumuntên aparêntah dhumatêng punggawa kêthèk, amêthukakên pangamuking gajah, rame tanglêding gajah akalihan kêthèk. Wusananipun gajah kawon, sinêmpal-sêmpal ing kêthèk kathah. Anuntên ingkang sami pêrang kasaput ing dalu, lajêng sami mundur dhumatêng pasanggrahanipun piyambak-piyambak.

a. Danawa Prajangga Mangsah Pêrang; Kasusul Puthadaksi Akalihan Pratapanaksi; lajêng Jambumangli, Brajamusthi, Aswanikumba, Anipraba, Wirupaksa.

Sarêng enjing wiwit sami pêrang malih. Anuntên wontên punggawa danawa satunggil, agêng saha inggil, sampun prasasat rêdi, anama Prajangga, amêdali ing paprangan, angangge limpung. Bala kêthèk sami gawok aningali. Wondening ingkang amêthukakên Prajangga wau, punggawa kêthèk anama Sampati, dêdamêlipun kajêng agêng sagodhongipun. Rame pêrangipun akalihan Prajangga, wusana Prajangga pêjah kadhawahan kajêng dhumatêng Sampati.

Anuntên wontên danawa kêkalih sami sadhèrèk, anama Puthadaksi akalihan Pratapanaksi. Sarêng aningali yèn Prajangga pêjah, enggal majêng dhatêng ing paprangan, saha amêjahi kêthèk alit-alit, isarat latu ingkang mêdal saking mripatipun.

Prabu Sugriwa sarêng aningali, yèn balanipun kathah ingkang kabêsmi dening latu wau, lajêng adhêdhawah dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang anama Anala, kapurih amêthukna danawa kêkalih wau. Anala anglêksanani. Sasampuning tanglêd rame, Puthadaksi akalihan Pratapanaksi sami pêjah dening Anala.

Ing ngawang-awang kathah para dewa ingkang aningali pêrang,

--- [50] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 5 dari 17
Jambumangli majêng ing paprangan, ...

--- 51 ---

sami sangêt suka bingahipun. Ing sapêjahipun danawa kêkalih wau, lajêng sami anjawahakên sêkar, sarta sanèsipun ingkang wangi-wangi.

Anuntên danawa ingkang awasta Jambumangli majêng ing paprangan, anyêpêng nanggala, kapêthukakên dhatêng Anoman sarwi angindhit rêdi-rêdi kabandhêmakên. Jambumangli kenging lajêng pêjah.

Sapêjahipun Jambumangli, danawa gêgêdhugipun ing Ngalêngka ingkang majêng ing paprangan, anama Mintragna, dêdamêlipun limpung. Wibisana ingkang amêthukakên. Mintragna kagada pêjah.

Sapêjahipun Bajramusthi, anakipun Kumbakarna majêng anama Aswanikumba, kapêthukakên dhatêng Anila. Sasampuning tanglêd dangu, Aswanikumba pêjah, amargi kapuntir gulunipun. Anuntên danawa ingkang awasta Anipraba amêdali, atandhing pêrang akalihan kêthèk ingkang nama Druwenda, dêdamêlipun kajêng tal. Anipraba pêjah dening Druwenda. Sapêjahipun Anipraba, Wirupaksa ingkang amêdali, atandhing pêrang akalihan Laksmana, Wirupaksa pêjah amargi dipun jêmparing.

b. Indrajit Mangsah.

Anuntên Radèn Indrajit anumpak rata, amêdali pêrang, kapêthukakên dhumatêng Anggada, dêdamêlipun kajêng agêng. Ratanipun Radèn Indrajit rêmuk kasabêt ing kajêng dening Anggada, sangêt andadosakên wirangipun. Lajêng mundur saking paprangan, lumêbêt dhatêng ing sanggar pamêlêngan, anênêdha ing dewa, sagêda unggul ing pêrang.

Saunduripun Indrajit amêmuja wontên ing sanggar pamêlêngan, Rama wêlas aningali bala kêthèk, amargi kathah pêjah dening danawa. Lajêng anglêpasakên jêmparing, punika amêdalakên jêmparing kathah tanpa wicalan. Angèngingi bala danawa, [dana...]

--- [52] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 6 dari 17
... punggawa kêthèk ingkang awasta Arimenda

--- 53 ---

[...wa,] kathah ingkang sami pêjah, andadosakên girisipun ingkang kathah-kathah. Lajêng sami bibar, angungsi dhatêng salêbêting kitha, kitha lajêng kinêpang ing bala kêthèk.

Anggènipun sêmadi Radèn Indrajit ngantos sêrap. Sarêng sampun dalu lajêng mêdal saking sanggar pamêlêngan, anglêpasakên jêmparing naga, anama Nagapasa. Sakala ing ngawang-awang kaèbêkan dening swara kados gêlap, adamêl kagètipun bala kêthèk. Anuntên jêmparing ingkang kalêpasakên wau, amêdalakên naga agêng-agêng tanpa wicalan, sami amulêt sakathahing bala kêthèk. Dalasan Rama kalihan Laksmana inggih kapulêt. Sadaya sami rêbah, saha sirna karosanipun.

Wibisna[1] kagèt aningali ingkang sami kenging ing bilai, saha sumêrêp yèn punika pandamêlipun Indrajit. Lajêng mêdal sarwi anyêpêng gandhewa. Indrajit sumêrêp, enggal lumajêng lumêbêt ing kadhaton, sowan ing ngarsanipun ingkang rama, saha angunjuki uninga, yèn Rama akalihan Laksamana sabalanipun sampun kapulêt ing naga.

Prabu Dasamuka sarêng midhangêt pratelaning putra, sakalangkung suka pirênaning galih, ingkang putra dipun rangkul. Sang nata lajêng angganjar dhumatêng balanipun.

Anuntên Dèwi Sinta akalihan Dèwi Trijatha sami nitih wimana, badhe sumêrêp ing jawi kitha. Sarêng Dèwi Sinta aningali saking katêbihan, yèn Rama saha Laksmana sabalanipun sami kapulêt ing naga, sarta sampun prasasat pêjah, lajêng kantu dhawah saking wimana. Dèwi Trijatha kagèt saha amuwun sangêt. Dèwi Sinta enggal kabêkta wangsul dhumatêng ing Tamansoka. Wontên ing ngriku èngêt, lajêng sumêdya suduk sarira. Ananging Dèwi Trijatha anggendholi, sarwi angasrêpi galihipun Dèwi Sinta, anamtokakên yèn Rama botên ngantos dhumatêng ing seda, awit kalanipun Anoman anggêmpur ing Tamansoka, inggih kapulêt ing naga, dene botên ngantos pêjah, malah ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka.

Sasampuning nyakecani makatên, Dèwi Trijatha lajêng nyuwun lilahipun Dèwi Sinta, badhe sowan ing ngarsanipun ingkang rama, saha matur pitakèn mênggah bilai ingkang pinanggih ing Rama akalihan Laksmana, punapa ngantos andadosakên sedanipun, [se...]

--- 54 ---

[...danipun,] utawi botên. Dèwi Sinta parêng. Trijatha lajêng mangkat, mêdal ing ngawang-awang.

Sadhatênge ing panggenanipun ingkang rama, lajêng matur pitakèn mênggah ingkang dados pêpêsthènipun Rama akalihan Laksmana. Wangsulanipun Wibisana: Rama botên ngantos dhumatêng ing seda; yèn ngantosa seda, amêsthi bumi kalihan langit tumut sirna. Mila Dèwi Sinta anyirnakna prihatosing galih, anamtokna ing dalêm batos, yèn Rama badhe unggul ing pêrang.

Dèwi Trijatha sasampune kasêrêpakên makatên dhumatêng ingkang rama, lajêng wangsul dhumatêng Tamansoka. Sakathahing pangandikanipun ingkang rama kapratelakakên dhumatêng Dèwi Sinta. Dèwi Sinta sarêng midhangêt aturipun Dèwi Trijatha, lajêng lêjar, saha sirna prihatosing galih.

Wibisana sowan ing ngarsanipun Rama, amratelakakên sakathahing aturipun Dèwi Trijatha. Rama sangêt ngêrêsing galih amidhangêtakên. Wusana angandika dhumatêng Sugriwa, Anggada, saha Anoman, sarèhning sariranipun amanggih bilai prasasat sampun pêjah, sami kapurih mantuka dhumatêng ing Guwa Kiskêndha, sampun ngantos anglabuhi bilainipun. Ananging Sugriwa, Anggada tuwin Anoman botên purun. Aturipun: sanajan dumugia ing pêjah, botên nêdya pisah akalihan Rama.

Sakèndêling aturipun Prabu Sugriwa, Anggada tuwin Anoman, Rama lajêng amêmuja salêbêting galih. Botên antawis dangu para dewa ing Suralaya sami tumêdhak dhatêng panggenanipun Rama, saha anggunggung kasêktènipun Rama. Punapadene angèngêtakên yèn Rama titisipun Bathara Wisnu, amêsthi sagêd anyirnakakên bilai, ingkang pinanggih ing sariranipun, tuwin ing bala kêthèk sadaya.

Sasampuning pitutur makatên, para dewa ingkang jibêg ing ngawang-awang, sami anjawahakên sêkar, sarta sanèsipun ingkang wangi-wangi. Botên antawis dangu wontên angin agêng dhatêng, sakathahing naga ingkang anggubêd Rama saha Laksmana tuwin bala kêthèk, sami kasingsal katêmpuh ing angin, kados upamine dipun tatasi.

Sasirnaning naga, sawarnining kêthèk sami bingah-bingah, mêdal malih kapurunanipun. Sami asurak-surak, lajêng angêpang

--- 55 ---

kitha ing Ngalêngka. Prabu Dasamuka kagèt amidhangêt swaraning surakipun bala kêthèk, enggal utusan amariksa. Sarêng sumêrêp saking pratelaning utusan, yèn naga ingkang amulêt mêngsah sampun sirna sadaya, saha bala kêthèk ingkang angwontênakên swara wau, punapadene kitha sampun kêmput kinêpang ing mêngsah.

c. Dumraksa, Kampana Mangsah.

Prabu Dasamuka sangêt prihatosing galih, anyipta badhe asor pêrangipun. Ewadèntên kêkah karsanipun, amilalah seda ing paprangan kalihan nungkul dhumatêng Rama. Sarêng sampun kêkah ing cipta badhe anglabuhi nagarinipun, sang nata amarentahi punggawa danawa satunggil, anama Dumraksa, kakarsakakên amêdali ing paprangan.

Dumraksa enggal amêpak bala danawa tanpa wicalan, lajêng anumpak rata, angangge dêdamêl limpung, bidhal dhatêng sajawining kitha. Wontên ing ngriku balanipun anêmpuh mêngsah. Tandangipun bala kêthèk sami ambudi pêjah. Botên antawis dangu bala danawa kawon, sarta kathah ingkang pêjah. Sarêng Dumraksa aningali, yèn bala danawa sami kasoran, enggal majêng angamuk. Pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang pêjah dening pangamukipun.

Anuntên Anoman atêtulung, sarwi amandhi sela, agêngipun sarêdi. Dumraksa lajêng mêdhun saking rata, tanglêd akalihan Anoman. Wusana Dumraksa kawon, pêjah kabanting ing sela.

Sapêjahipun Dumraksa, sakantuning balanipun sami kaplajêng sadaya, wangsul dhumatêng ing kitha, angunjuki uninga dhumatêng Prabu Dasamuka, yèn Dumraksa sampun pêjah ing paprangan.

Sang nata ngungun ing galih, lajêng animbali punggawa danawa gêgêdhug, anama Kampana, kadhawuhan amêdali ing paprangan.

Kampana enggal anindhihi bala, mêdal dhatêng sajawining kitha, atandhing pêrang akalihan Anoman. Ananging kawon, pêjah amargi dipun antêbi rêdi. Anuntên balanipun sami lumajêng dhatêng ing kitha, angunjuki uninga ing sang prabu, yèn Kampana sampun pêjah.

--- [56-57] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 7 dari 17
Kumbakarna sarêng dipun dukani saha katundhung dhumatêng ingkang raka, lajêng mundur saking ngarsanipun, mêdal dhatêng sajawining kitha, anjujug ing paprangan

--- 58 ---

d. Prahastha Mangsah.

Prabu Dasamuka sakalangkung prihatos ing galih, bab pêjahipun Kampana. Dangu botên sagêd ngandika, wusana andhawahakên parentah animbali pêpatihipun, ingkang anama Prahastha. Sasampuning sowan ing ngarsa, sang nata awêwartos, yèn punggawa danawa gêgêdhug sampun kathah ingkang pêjah dening kêthèk. Mila kyai patih kakarsakakên mêdali ing paprangan.

Patih Prahastha anyandikani, mundur saking ngarsanipun sang prabu. Lajêng mantuk badhe amuja sêmadi. Sêsampuning asêmadi, enggal angêrig balanipun, lajêng amêdali ing paprangan.

Pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang tumpês dening limpungipun Patih Prahastha. Sarêng Prabu Sugriwa aningali, yèn bala kêthèk kawon, saha kathah ingkang pêjah, enggal aparentah dhumatêng punggawa kêthèk, ingkang awasta Anila, kapurih amêthukna pêrangipun Patih Prahastha. Anila anyandikani, lajêng mêdal ing paprangan, dêdamêlipun kajêng randhu kuning, panjangipun gangsal dhêpa. Sadhatêngipun ing paprangan, Patih Prahastha anglêpasakên limpung, ambarubul wêdalipun, angêbyuki dhumatêng Anila. Ananging satunggil botên wontên ingkang angèngingi, awit saking wasising panangkisipun. Arame anggènipun sami tanglêd, botên wontên ingkang kasoran, awit saking sami digdaya, saha wasisipun anangkis dêdamêl ingkang katandukakên.

Wusana Anila angêmpakakên upayaning pêrang, api-api kawon lajêng angoncati. Patih Prahastha ambujêng ngantos dumugi ing jurang. Wontên ing ngriku Anila api-api pêjah, Patih Prahastha taksih tut wingking. Anuntên Anila aningali sela cêmêng wontên pinggiring jurang, enggal dipun pêndhêt kabêkta mumbul, kaantêbakên ing sirahipun Patih Prahastha, kalêrêsan kengingipun. Patih Prahastha lajêng pêjah. Balanipun mawur, sami lumêbêt dhumatêng ing kitha, angunjuki uninga dhumatêng Prabu Dasamuka, yèn Patih Prahastha pêjah ing paprangan.

e. Kumbakarna Mangsah.

Prabu Dasamuka sarêng dipun unjuki uninga, yèn Patih Prahastha pêjah, sakalangkung kagèt, saha maras ing galih.

--- [59] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 8 dari 17
Patih Prahastha ambujêng ngantos dumugi ing jurang

--- 60 ---

Enggal andhawahakên parentah, animbali ingkang rayi Kumbakarna ingkang sawêg sare.

Anuntên danawa lêksan sami lumampah dhumatêng panggenanipun Kumbakarna, ambêkta kêndhang bèri saha bêndhe. Sadhatênge ing panggenanipun, kêndhang, bèri tuwin bêndhe wau sami katabuh, sarta para danawa sami asurak-surak; punika minangka pamungunipun Kumbakarna. Ananging Kumbakarna botên anglilir. Ingkang anggugah sami kakên manahipun. Lajêng amêndhêt dêdamêl, katamakakên ing jêngkunipun Kumbakarna. Akathah pratingkahing danawa anggènipun amurih wungunipun. Wontên ingkang anyunduki, sawênèh amupuh, sawênèh andhawahi sela, wontên ingkang ambêkta rata apangirid kapal. Punapadene ambêkta gajah atusan, sami kaambahakên ing jajanipun Kumbakarna. Ananging Kumbakarna taksih angeca-eca sare. Wusana ingkang anggugah sami sayah, saha sêdhih manahipun, dados sami kèndêl anjêtung kemawon. Anuntên wontên danawa sêpuh satunggil agadhah aji wisikan. Kumbakarna kawisik lajêng wungu, andangu sababipun kawungu.

Sarêng Kumbakarna sumêrêp saking aturipun para danawa mantri, yèn katimbalan dhumatêng ingkang raka, saha kathah danawa bupati sabalanipun ingkang pêjah, punapadene Patih Prahastha inggih pêjah, Kumbakarna enggal dandos. Sasampuning dhahar, lajêng sowan ing ngarsanipun ingkang raka.

Kumbakarna sampun dhatêng ing ngarsanipun ingkang raka. Prabu Dasamuka amartosi bab pêjahipun punggawa danawa, ingkang kawical sêkti, tuwin pêjahipun Patih Prahastha, anggènipun sami pêrangan akalihan kêthèk. Kumbakarna kapurih amêdalana pêrang, anyirnakna Rama akalihan Laksmana sabalanipun.

Sasampuning sang nata kèndêl angandika, Kumbakarna amêlèhakên tindakipun sang nata ingkang botên lêrês, anggènipun botên andhahar aturipun Wibisana, tuwin wulanging ibu, punapadene pituturing eyang Bagawan Sumali, mila ing mangke kasusahan ingkang pinanggih. Kathah-kathah pangundhat-undhatipun Kumbakarna, amêlèhakên tindak ingkang lêpat. Andadosakên dukanipun Prabu Dasamuka. Ingkang rayi lajêng katundhung mantuk.

--- [61] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 9 dari 17
Anuntên danawa lêksan sami lumampah ...

--- 62 ---

Kumbakarna sarêng dipun dukani saha katundhung dhumatêng ingkang raka, lajêng mundur saking ngarsanipun, mêdal dhatêng sajawining kitha anjujug ing paprangan. Pratingkahipun angajrih-ajrihi, kados Bathara Kala tumêdhak dhumatêng marcapada, badhe anggêmpur jagat. Panggêronipun kados swaraning gêlap, napasipun ingkang miyos saking grana kados upaminipun lesus. Akathah wit-witan ingkang sol tuwin sêmpal dening napasipun. Bêbujêngan ing wana sami bibar, angungsi ing jurang saha pêpèrèng. Awarni-warni jalajat ingkang katingal, amèngêti dhumatêng Kumbakarna, yèn badhe kasoran ing pêrang. Ananging Kumbakarna botên gigrig galihipun, sampun ambudi pêjah.

Bala kêthèk sami kagèt, anyana yèn Prabu Dasamuka miyos anyarirani pêrang. Lajêng sami angêbyuki, sariranipun Kumbakarna kaèbêkan dening kêthèk, kados upaminipun rêdi kinêmulan ing mega. Akathah pratingkahing kêthèk anggènipun amurih badhe ngêsorakên Kumbakarna. Wontên ingkang angarutug sela, angêntêbi rêdi, anyabêt kalihan kajêng agêng, andhupak tuwin anyokot.

Ananging sadaya punika botên kadamêl raos dhumatêng Kumbakarna, malah sela tuwin rêdi ingkang dhawah ing sariranipun sami sumyur. Wusana bala kêthèk sami sayah.

Kumbakarna lajêng malês. Pintên-pintên kathahing kêthèk ingkang pêjah kawênyêd. Wontên ingkang kakipatakên dhawah têbih lajêng pêjah. Sawênèh pêjah kasabêtakên ing wêntis. Wontên ingkang sinêmpal-sêmpal, wontên ingkang dipun kêmah-kêmah. Sakantunipun sami giris mawur lumajêng ngungsi dhumatêng rêdi Suwela tuwin dhumatêng ing jurang-jurang.

Anggada sarêng aningali yèn bala kêthèk sami kaplajêng, enggal mêdal saking pasanggrahan, amurugi ingkang sami kaplajêng wau. Akathah-kathah wicantênipun anggène amêmurun. Anuntên sami wangsul malih dhumatêng ing paprangan, angêbyuki Kumbakarna, kabiyantonan dening para bupati kêthèk. Ananging botên sagêd angawonakên Kumbakarna. Malah sangsaya kathah malih kêthèk ingkang pêjah.

Anuntên Wibisana matur dhumatêng Rama, yèn botên wontên karsanipun Rama anglêpasi jêmparing tumuntên dhumatêng Kumbakarna, amêsthi bala kêthèk tumpês sadaya, awit jagat têtiga

--- 63 ---

botên wontên ingkang sagêd angêsorakên. Dalasan Bathara Endra tuwin Hyang Baruna, punapadene Bathara Yama, botên sagêd anglawan.

Sasampuning Wibisana ngandika makatên, Prabu Sugriwa lajêng amêdali pêrang. Arame tanglêdipun akalihan Kumbakarna, sami digdayanipun, botên wontên ingkang kasoran. Wusana Kumbakarna anyandhak limpung, wawrat sagulma kati, kalêpasakên dhumatêng Prabu Sugriwa.

Sadangunipun Prabu Sugriwa pêrang akalihan Kumbakarna, Anoman amêmanuki ingkang paman. Sarêng limpung lumêpas, enggal dipun candhak saha kabêkta mumbul dhatêng ngawang-awang, lajêng katugêl, dados botên ngantos kenging dhumatêng Prabu Sugriwa. Kumbakarna enggal anyandhak rêdi, kabalangakên dhumatêng Prabu Sugriwa. Sugriwa kenging lajêng kalêngêr. Anuntên dipun candhak dhumatêng Kumbakarna, kabêkta mundur saking paprangan.

Rama akalihan Laksmana sangêt kagètipun, aningali yèn Prabu Sugriwa kasoran saha kacêpêng. Lajêng sami angasta jêmparing, sumêdya ambelani.

Anuntên Anoman andhatêngakên angin agêng. Prabu Sugriwa sarêng kasiliran ing angin lajêng èngêt. Sumêrêp yèn kacêpêng, tumuntên angèngêt-èngêt margine sagêdipun uwal saking Kumbakarna. Wusana kapanggihing pambudi, astanipun kêkalih anyandhak kupingipun Kumbakarna kiwa têngên, sukunipun amancal dhadha, lajêng lumumpat sarwi anyaut irung. Irung tuwin kupingipun Kumbakarna kalih pisan puthul, Sugriwa sampun uwal.

Kumbakarna sarisaking sipatipun anjêngêr, sangêt wirangipun. Lajêng wangsul dhumatêng ing paprangan, anênumpêsi kêthèk. Wibisana sarêng aningali tumpêsipun bala kêthèk, lajêng matur dhumatêng Rama, kaaturan ambiyantoni pêrang, amênggak pangamukipun Kumbakarna.

Laksmana enggal anglêpasakên jêmparing, kenging makuthanipun Kumbakarna kasingsal. Anuntên Rama anglêpasakên jêmparing, kenging pupunipun Kumbakarna rantas kalih pisan. Ewadene taksih sagêd anyawatakên dhêndha, angèngingi kêthèk, kathah ingkang pêjah. Rama anglêpasakên jêmparing malih, kenging baunipun Kumbakarna ingkang têngên, sêmpal. Kantun [Kan...]

--- [64] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 10 dari 17
Anila

--- 65 ---

[...tun] tanganipun ingkang kiwa, ambêdhol wit-witan agêng, kaobat-abitakên, angèngingi kêthèk kathah ingkang pêjah. Rama anglêpasakên jêmparing malih, kenging tanganipun Kumbakarna ingkang kiwa, sêmpal. Sasirnaning bau akalihan suku kalih pisan, Kumbakarna mangap, angêdalakên angin agêng awor wisa. Anuntên Rama anglêpasakên jêmparing, wêdalipun ambrubul, angêbêki cangkêmipun Kumbakarna lajêng pêjah.

f. Trisirah, Trikaya, Sasêdhèrèk Majêng ing Rana.

Sarêng misuwur yèn Kumbakarna pêjah dening Rama, Prabu Dasamuka muwun, sangêt prihatosing galih, amung nyipta badhe amanggih bilai. Anuntên putranipun sakawan amêdali pêrang, anama Trisirah, Trikaya, Narantaka, Dewa Tantaka, êmbanipun kêkalih sami danawa, awasta Mantaka, akalihan Samaramênta. Kapêthukakên dening Laksmana saha Anoman tuwin Anggada, punapadene Anila. Putra sakawan saêmbanipun wau kawon sami pêjah sadaya. Balanipun mawur, angungsi dhatêng ing kitha, saha angunjuki uninga dhumatêng sang nata, bab tiwasing putra sakawan saêmbanipun. Sang nata ngênês ing galih, apêsing sarira sampun katingal, nyipta yèn badhe kasoran ing pêrang.

g. Indrajit Majêng Malih.

Botên antawis dangu putranipun pambajêng ingkang nama Radèn Indrajit sowan, angrêrapu dhumatêng ingkang rama, sampun ngantos kagungan panggalih ajrih atandhing pêrang kalihan Rama. Awit Indrajit sagah anyirnakakên Rama saha Laksmana sabalanipun.

Prabu Dasamuka sarêng midhangêt aturing putra, ulatipun bingar, saha suka pirêna ing galih. Ingkang putra lajêng dipun dhawahi anglêksanani pangrisakipun dhumatêng Rama sabalanipun.

Sasampuning srêngenge sêrap, Radèn Indrajit mêdal dhumatêng ing paprangan, anglêpasakên jêmparing anama Mohanarasa, mawi dipun mantrani aji sêsirêp. Sarêng jêmparing sampun lumêpas, sakathahing bala kêthèk kenging sawabing jêmparing wau, sami pêjah tilêm sadaya. Namung ingkang jêjêr bupati ingkang botên pêjah. Ananging sami sangêt aripipun, lajêng tilêm kapatos, saha maripatipun sami pêndul. Rama kalihan

--- [66] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 11 dari 17
Kumba-kumba, asipat danawa agêng saha inggil kados rêdi ...

--- 67 ---

Laksmana inggih makatên ugi. Wondening ingkang lêpat ing aji sêsirêp namung Wibisana.

Sarêng Wibisana sumêrêp, yèn Rama saha Laksmana amanggih bilai, ingkang saking pandamêlipun Indrajit, lajêng amurugi panggenanipun Rama saha Laksmana ingkang sawêg sami sare. Sasampuning wungu lajêng kaaturan suryan. Anuntên Anoman kautus ing Rama dhatêng rêdi Imagiri, amêndhêt godhong sandilata minangka jampinipun ingkang sami pêjah tilêm.

Anoman enggal lumampah. Ananging sarèhning dèrèng sumêrêp warninipun godhong sandilata, saha ing sadèrèngipun mangkat dèrèng ngantos nêrang, dados sangêt kèwêdan ing manah. Wusana rêdi Imagiri dipun bêdhol, kabêkta dhumatêng ngarsanipun Rama. Rama lajêng mêthik godhong sandilata, kausapakên maripatipun, sakala waluya. Anuntên godhong kaparingakên dhumatêng Anoman kapurih angusapana maripatipun sawarnining kêthèk ingkang pêjah. Anoman anglêksanani, kêthèk lajêng sami gêsang malih.

Radèn Indrajit sawangsulipun saking amasang sêsirêp wau, sowan ing ngarsanipun ingkang rama, angunjuki uninga yèn Rama saha Laksmana sabalanipun sampun sami pêjah.

Prabu Dasamuka sakalangkung suka pirênaning panggalih, lajêng kasukan adhahar eca. Botên antawis dangu, amidhangêt swara rame sangêt, inggih punika sabawanipun bala kêthèk, sami angrampid saha ambêsmi kadhaton ing Ngalêngka. Ingkang sawêg sami kasukan bingung aningali latu mubal andados.

h. Kumba-kumba Dados Senapati.

Anuntên tatas raintên; bala kêthèk sami mundur dhumatêng sajawining kitha. Prabu Dasamuka enggal andhawahakên parentah, amêpak bala danawa sakantunipun ingkang sampun pêjah. Ingkang nyenapatèni putranipun Kumbakarna, anama Kumba-kumba, asipat danawa agêng saha inggil kados rêdi, akanthi êmbanipun kêkalih sami danawa, awasta Kampa akalihan Dyajaksa.

Anggada kadhawahan dhumatêng Rama amêthukakên Kumba-kumba. Enggal anglêksanani. Êmban kêkalih wau pêjah dening Anggada; Kumba-kumba pêjah dening Prabu Sugriwa. Sakantuning balanipun Kumba-kumba sami mawur, lumajêng

--- [68] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 12 dari 17
Anuntên Indrajid anglêpasakên jêmparing malih ...

--- 69 ---

angungsi dhumatêng ing kitha. Ing mangke andêl-andêlipun Prabu Dasamuka namung kantun ingkang putra Radèn Indrajit, akalihan punggawa danawa têtiga, anama Wilohitaksa, Maundara, Gathodara.

Prabu Dasamuka sarêng anampèni atur bab pêjahipun Kumba-kumba akalihan êmbanipun kêkalih, sangêt prihatosing galih saha pamuwunipun.

i. Indrajit Kapupu ing Rana.

Botên antawis dangu Radèn Indrajit sowan ing ngarsanipun ingkang rama, ingkang sawêg angrêdatos. Radèn Indrajit sasampune anyakecani galihing rama, lajêng amêpak balanipun, amêdali pêrang. Arame tanglêdipun kêthèk akalihan danawa. Dangu-dangu kêthèk kawon sami kaplajêng.

Anuntên Laksmana anglêpasakên jêmparing, anama Barunaastra; dhawah ing paprangan lajêng dados toya agêng, ambalabar angombak-ombak. Bala danawa kathah ingkang pêjah ing toya. Indrajit enggal anglêpasakên jêmparing latu, andhawahi bala kêthèk, mawur saha kathah ingkang pêjah. Laksmana anglêpasakên jêmparing panulaking latu. Sasirnaning latu, kêthèk ingkang pêjah kabêsmi wau sami gêsang malih.

Anuntên Indrajit anglêpasakên jêmparing malih, jêmparing punika amêdalakên dêdamêl warni-warni tanpa wicalan, andhawahi bala kêthèk. Laksmana lajêng anglêpasakên jêmparing panulak.

Sasirnanipun dêdamêl warni-warni ingkang mêdal saking jêmparingipun Radèn Indrajit, Laksmana anglêpasakên jêmparing malih, awasta Endrasara. Indrajit kenging gulunipun lajêng pêjah.

Anuntên Laksmana anglêpasakên jêmparing malih, anama Surawijaya, andhawahi balanipun Indrajit, tumpês sadaya.

Prabu Dasamuka sakalangkung sêkêl ing galih, amidhangêt pêjahipun Radèn Indrajit. Sang nata kados upaminipun wit-witan karampas êpangipun, kantun uwitipun kemawon. Têlas budinipun, anyipta pêjah, sumêdya anglabuhi nagari tuwin kulawarganipun ingkang sami pêjah wontên ing paprangan. Sang nata lajêng malêbêt dhatêng sanggar pamêlêngan, saha amuja sêmadi.

--- 70 ---

Kacariyos Dèwi Sinta ingkang kadunungakên wontên ing Tamansoka, botên sah anggènipun amuja sêmadi; ingkang tinêdha ing sêmadi, amung karaharjan saha unggulipun ingkang raka. Sasampuning angêningakên tingal, Dèwi Trijatha dhatêng, ngaturi pawartos bab pêrang, yèn punggawa ing Ngalêngka sampun tumpês sadaya, amung kantun têtiga. Bala kêthèk taksih wêtah punggawanipun, ingkang pêjah namung kêthèk alit-alit kemawon.

Dèwi Sinta suka ing galih amidhangêtakên aturipun Dèwi Trijatha, lajêng asêmadi, anênêdha ing dewa, angenggalna pêjahipun Prabu Dasamuka.

Kacariyos Prabu Dasamuka, animbali para danawa nujum tuwin para danawa pandhita, kadangu mênggah pêpêsthèning sariranipun. Pamêcanipun para nujum tuwin para pandhita, sang nata badhe unggul pêrangipun.

j. Prabu Dasamuka Mangsah.

Prabu Dasamuka sasampuning sêmadi sadalu natas, enjingipun karsa anyarirani pêrang, lajêng andhawahakên parentah angêrig baris. Têtindhihipun danawa têtiga, anama Wilohitaksa, Maundara, Gathodara. Sarêng sampun pêpak anuntên bidhal dhatêng sajawining kitha.

Prabu Sugriwa sumêrêp yèn Prabu Dasamuka mêdali pêrang, enggal angundhangi bala kêthèk, andikakakên angubêngi rumêksa Rama.

Prabu Dasamuka sasampuning pradandosan lajêng anitih rata, rinêngga ing mas saha sêsotya. Lampahipun sampun dumugi ing paprangan.

Botên antawis dangu lajêng wiwit pêrang, bala kêthèk kathah ingkang pêjah. Anuntên Anoman ambiyantoni, kathah angsalipun pêpêjah.

Rama wêlas aningali risaking bala kêthèk, enggal anglêpasakên jêmparing, andhawahi danawa, tumpês kados dipun saponi.

Prabu Dasamuka duka sangêt aningali tumpêsing balanipun, lajêng andhawahakên parentah dhumatêng punggawa danawa, ingkang nama Wilohitaksa, andikakakên mbiyantoni.

Wilohitaksa anglêksanani, kapêthukakên dening Prabu Sugriwa. Wilohitaksa punapadene kancanipun ingkang nama Gathodara [Gatho...]

--- [71] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 13 dari 17
Prabu Dasamuka linêpasan kenging jangganipun lajêng seda

--- 72 ---

[...dara] sami pêjah dening Sugriwa. Maundara têtulung, pêjah dening Anggada.

Sapêjahipun punggawa danawa têtiga, Prabu Dasamuka sangsaya sangêt dukanipun. Lajêng ngamuk anarajang bala kêthèk. Pangamukipun sampun prasasat dukanipun Bathara Kala, bala kêthèk mawut sadaya. Anuntên Rama akalihan Laksmana tuwin Wibisana atêtulung, sami anglêpasakên jêmparing, saha angabên kaluwihan akalihan Prabu Dasamuka. Wusana sang nata anglêpasakên limpung, ingkang dipun angkah Rama. Sarêng limpung lumêpas, Laksmana tarampil anglêpasakên jêmparing, kenging limpungipun Prabu Dasamuka, kawangsul andhawahi ratanipun sang nata, rêmuk sakapal kusiripun. Sang nata enggal lumumpat, saha amundhut rata sanès.

Sarêng Prabu Dasamuka sampun nitih rata, lajêng anglêpasakên kunta. Ingkang dipun wawas Rama, ananging kenging Laksmana, jajanipun kabranan, lajêng dhawah gumuling ing siti. Wibisana enggal atêtulung, Laksmana kabêkta mundur, kajampenan sakala waluya, botên mantra tilasing brana.

Ing ngawang-awang kaèbêkan dening jawata, ingkang sami aningali pêrang. Bathara Endra sumêlang aningali pêrangipun Rama akalihan Dasamuka, awit sang nata nitih rata, Rama dharat kemawon. Lajêng amaringi rata satunggil dhumatêng Rama, ingkang ngusiri dewa. Punapa malih amaringi jêmparing kêkalih, awasta Guawijaya, satunggilipun Bramaastra utawi jêmparing latu.

Rama lajêng anitih rata. Angantos dangu anggènipun lêpas-linêpasan jêmparing angabên kasêktèn kalihan Prabu Dasamuka. Botên wontên ingkang kasoran. Wusana Wibisana matur dhumatêng Rama, kapurih angrampungana pêrang anglêpasna jêmparing ingkang nama Guawijaya, awit namung punika ingkang kenging kadamêl amêjahi Dasamuka.

Sasampuning Wibisana matur, Rama lajêng angasta jêmparing ingkang nama Guawijaya. Prabu Dasamuka linêpasan kenging jangganipun lajêng seda.

Sasedanipun Prabu Dasamuka, sakala lajêng pêtêng ndhêdhêt angin agêng dhatêng gumrêbêg swaranipun. Anuntên jawah sêkar saha sanèsipun ingkang wangi-wangi, inggih punika

--- [73] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 14 dari 17
Botên antawis dangu Hyang Girinata têdhak ...

--- 74 ---

pakurmataning para dewa dhumatêng Rama, ingkang minangka pangruwatanipun sawarnining lampah awon.

Wibisana sarêng sumêrêp yèn ingkang raka seda, enggal amalajêngi layoning raka, anyungkêmi padanipun sarwi amuwun sangêt, saha akathah-kathah pasambatipun.

Rama wêlas aningali, lajêng anyakêti, sarta anglêlipur dhumatêng Wibisana, anyêrêpakên kautamaning sedanipun Prabu Dasamuka, anggènipun anggagahi nagari, saha ambelani abdi-abdinipun sadaya. Sasampuning angrêrapu, Wibisana kapurih angrêsikana saha ambêsmia layoning raka sakalihan. Wibisana amiturut saha lajêng anglampahi.

12. WIBISANA GUMANTOS DADOS RATU WONTÊN ING NGALÊNGKA, DUMUGI KAPANGGIHIPUN RAMA KALIHAN SINTA, TUWIN WANGSULIPUN RAMA DHATÊNG NAGARI NGAYODYA.

Sasampunipun ambêsmi layonipun ingkang raka sakalihan, Rama angandika dhumatêng Wibisana, kapurih jumênênga ratu wontên nagari ing Ngalêngka, anggêntosana Prabu Dasamuka. Wibisana ngèstokakên karsanipun. Rama lajêng amulang pratikêlipun ing ratu, tuwin wajibipun dhumatêng para abdi, punapadene dhumatêng para santana. Sarêng sampun têlas wulangipun anuntên sawarnining kêthèk ingkang pêjah ing paprangan, sami kagêsangakên malih dhumatêng Rama, isarat godhong sandilata.

a. Sinta Kasukanan Sumêrêp Karampunganing Pêrang

.

Sarêng sedanipun Prabu Dasamuka sampun antawis satêngah wulan, saha Rama botên angandika bab Dèwi Sinta, Anoman lajêng angèngêtakên, saha matur pitakèn mênggah ingkang dados karsa ingatasipun ingkang garwa.

Wangsulaning pangandika, Anoman kapurih lumampaha dhumatêng Tamansoka, amatêdhani uninga dhumatêng Dèwi Sinta, yèn Dasamuka sampun pêjah, saha Wibisana kakarsakakên anggêntosi jumênêng ratu wontên nagari ing Ngalêngka.

Anoman enggal lumampah, dumugi ing Tamansoka kapanggih akalihan Dèwi Sinta, saha andhawahakên timbalanipun Rama. Dèwi Sinta sakalangkung suka pirênaning galih. Anoman kapurih

--- [75] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 15 dari 17
Anuntên Bathara Brama angandika ...

--- 76 ---

matura dhumatêng Rama, yèn sang dèwi kala rumiyin apunagi, bilih Rama unggul ing pêrang, badhe angabêkti dhumatêng ingkang raka wontên ing paprangan. Ing mangke karsanipun badhe angluwari punagi wau.

Anoman wangsul sowan ing ngarsanipun Rama, saha angaturakên ingkang dados pangandikanipun Dèwi Sinta. Rama parêng, ananging Dèwi Sinta kakarsakakên sêsuci rumiyin.

Anoman enggal wangsul malih dhumatêng ing Tamansoka, saha andhawahakên pangandikanipun Rama dhumatêng Dèwi Sinta.

Sang Dèwi lajêng asêsuci, saha abusana endah. Anuntên tindak dhumatêng pasanggrahan, kadhèrèkakên dening Dèwi Trijatha sarta Anoman.

b. Sinta dipun Tambuhi dhatêng Rama.

Sadumuginipun ing pasanggrahan, Rama ewa aningali ingkang garwa, amargi sampun lami wontên ing mêngsah, tinarka sampun ginggang saking kasêtyanipun dhumatêng ingkang raka. Panggalih makatên punika sangêt andadosakên prihatosipun Dèwi Sinta, saha sangêt ing pamuwun tuwin pasambatipun. Sakathahing aturipun Dèwi Tirjatha, ingkang anelakakên sucinipun Dèwi Sinta, botên kaanggêp dhumatêng Rama.

Dèwi Sinta sarêng dipun ewani dhumatêng ingkang raka, lajêng sumêdya anganyut tuwuh, amargi saking obong. Anuntên nêdha pitulung dhumatêng Laksmana, akaklêmpaka kajêng.

Rama angêjèpi dhumatêng Wibisana, kapurih andhawahna parentah anglêmpakakên kajêng. Sêsampune kathah kajêng ingkang dhatêng, katumpuk wontên ing paprangan, lajêng kasumêd. Latu andados saha mulad-mulad.

Sarêng Dèwi Sinta badhe obong, Bathara Brama katingal pinarak ing dhampar wontên salêbêting latu ingkang murub wau, angawe dhumatêng sang dèwi. Dèwi Sinta enggal lumêbêt ing latu, atimpuh ing ngarsanipun Hyang Brama. Botên antawis dangu Hyang Girinata têdhak dhumatêng pasanggrahanipun Rama, kadhèrèkakên ing para dewa.

Anuntên Bathara Brama angandika dhumatêng Rama, yèn Dèwi Sinta saèstu taksih suci. Para dewa anyambungi pangandikanipun Bathara Brama, sami anêtêpakên kasucianipun Dèwi Sinta.

Dèwi Sinta lajêng kadhawahan ing Bathara Brama mêdal saking

--- [77] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 16 dari 17
Prabu Barata ...

--- 78 ---

latu, saha alênggah cakêt Rama. Sang dèwi anglampahi, para dewa lajêng sami musna.

c. Sami Lumêbêt dhatêng Nagari Ngalêngka.

Rama akalihan ingkang garwa, sarta Laksmana tuwin Wibisana, punapadene sakathahing punggawa, sami nitih rata dhumatêng kitha ing Ngalêngka, lajêng sami akasukan. Anuntên Anoman kadhawahan dhumatêng Rama, angrumiyinana dhumatêng nagari ing Ngayodya, saha amratelakna sakathahing lampah dhumatêng Barata, wiwit tindakipun Rama saking nagari ing Ngayodya angantos dumugi bêdhahipun nagari ing Ngalêngka. Anoman lajêng mangkat.

d. Rama Wangsul dhatêng Ngayodya.

Botên antawis lami Rama akalihan ingkang garwa tuwin Laksmana, sami kondur dhumatêng nagari ing Ngayodya. Prabu Wibisana saha Prabu Sugriwa punapa malih Dèwi Trijatha andhèrèkakên, lampahipun sami nitih rata mêdal ing ngawang-awang.

Kacariyos Anoman, ingkang kautus lumampah angrumiyini. Lampahipun sampun dumugi nagari ing Ngayodya, sowan ing ngarsanipun Prabu Barata, saha ngaturakên ingkang dados lampahipun.

Prabu Barata sakalangkung suka pirênaning galih, lajêng amêthuk rawuhipun Rama akanthi ingkang ibu tuwin Dèwi Sukasalya, punapadene Dèwi Sumitra saha Radèn Satrugna. Sasampuning kapanggih akalihan Rama, lajêng sami kondur angadhaton. Sarêng sampun sami anêntrêmakên sarira, Rama kagungan karsa akasukan. Dalasan kêthèk tuwin danawa alit-alit kakarsakakên bingah-bingah.

Prabu Wibisana kalihan Prabu Sugriwa, sasampuning antawis lami anggènipun kèndêl wontên nagari ing Ngayodya, lajêng sami anyuwun lilahipun Rama, badhe kondur dhumatêng nagarinipun piyambak-piyambak. Rama anglilani. Ratu kêkalih tumuntên sami bidhal. Prabu Wibisana dhumatêng nagari ing Ngalêngka, Prabu Sugriwa dhumatêng ing Guwa Kiskêndha.

__________

--- [79] ---

Rama, Kartapradja, 1937, #125 (Hlm. 39-80): Citra 17 dari 17
... Radèn Satrugna

--- [80] ---

ISINIPUN:

... Kaca:

1. Lairipun Rama sasêdhèrèk ... 5
2. Rama kasaraya ing pandhita, ngantos dhaup kalihan Dèwi Sinta ... 5
3. Wangsul dhatêng Ngayodya ngantos kesah malih dumugi ing rêdi Dhandhaka ... 9
4. Dèwi Sinta kadhusta ing Prabu Dasamuka ... 15
5. Rama angsal pambantu ratuning kêthèk, Sugriwa ... 19
6. Anoman kautus Rama nuwèni Dèwi Sinta dhatêng Ngalêngka ... 25
7. Ing Ngalêngka apirêmbagan badhe mêthukakên Rama ... 34
8. Rama akèn damêl tambak ing sagantên, kalampahan dados ... 39
9. Prabu Dasamuka damêl paeka ... 42
10. Têlikipun Prabu Dasamuka kadêngangan, Dasamuka dipun antêp ... 45
11. Campuh pêrang ngantos dumugi pêjahipun Prabu Dasamuka ... 47

a. Danawa Prajangga mangsah pêrang; kasusul Puthadaksi akalihan Pratapanaksi; lajêng Jambumangli, Bajramusthi, Aswanikumba, Anipraba, Wirupaksa ... 49
b. Indrajit mangsah ... 51
c. Dumraksa, Kampana mangsah ... 55
d. Prahastha mangsah ... 58
e. Kumbakarna mangsah ... 58
f. Trisirah, Trikaya, sasêdhèrèk majêng ing rana ... 65
g. Indrajit majêng malih ... 65
h. Kumba-kumba dados senapati ... 67
i. Indrajit kapupu ing rana ... 69
j. Prabu Dasamuka mangsah ... 70

12. Wibisana gumantos dados ratu wontên ing Ngalêngka, dumugi kapanggihipun Rama kalihan Sinta, tuwin wangsulipun Rama dhatêng nagari Ngayodya ... 74

a. Sinta kasukanan sumêrêp karampunganing pêrang 74
b. Sinta dipun tambuhi dhatêng Rama ... 76
c. Sami lumêbêt dhatêng nagari Ngalêngka ... 78
d. Rama wangsul dhatêng Ngayodya ... 78


Wibisana (kembali)
Wibisana