SERAT KARIMATAYA
--- 1 : [0] ---
Sêrat Karimataya
Kadamêl ăngka 1 urutipun saking Sêrat Pustakaraja Madya.
--- 1 : [1] ---
1. Dhandhanggula
1. amurwani manising kintaki | panêdhaking Srat Pustakaraja | pan pinugut ing wiwite | bibar Jayabinangun | kang sinuhun anyakrawati | jumênêng ing Ngastina | Yudhisthira Prabu | sakadangira sadaya | karaton gung wus ngumpul dadya sawiji | Wiratha nut sumewa ||
2. mawor anèng Ngastina nagari | wus sinungan mulya ing kawiryan | sajuru-juru pinancèn | pan jinêjêr jinurung | sadayanya wus samya mukti | samya jinunjung lênggah | nagri dèn dum-êdum | marang Prabu Darmaputra | kang para ri sadaya wus samya tampi | parentahnya sang nata ||
3. Radèn Wrêkudhara sinung linggih | Banjarjungut lan ari Sang Parta | nênggih wus dhinaupake | lan Banuwati sampun | pinaringan ing Banakêling [Banakê...]
--- 1 : 2 ---
[...ling] | gumantyèng Jayadrata | myang ari waruju | sira Sang Arya Nangkula | lan Sadewa kalih samya kinarya ji | anèng nagri Mandraka ||
4. nama Prabu Nangkula lan ari | Prabu Sadewa tulus raharja | ing Mandraka karatone | miwah kang para wadu | samya sinung măncanagari | bêktan saking Ngamarta | kang sami jinunjung | miwah Prabu Baladewa | Rêsi Bisma palênggahannya ginanti | dumadi paranpara ||
5. wontên punakawannya kêkalih | apan sami kadang naking-sanak | sinung sih nama kalihe | Praswapati kang sêpuh | pinaringan ing Gilingwêsi | Sayakèsthi rinira | Mukabumi sinung | kalihnya jinunjung raja | nama Prabu Praswapati Sayakèsthi | samya tulus wibawa ||
6. wontên malih kang sinung palinggih |
--- 1 : 3 ---
para santana kawulawarga | pinangkat punggawa kabèh | Ngastinarja kalangkung | para ratu maksih sumiwi | dèrèng wontên linilan | maring prajanipun | miwah Sri Bathara Krêsna | dèrèng kundur maring nagri Dwarawati | ya ta malih winarna ||
7. dèrèng dangu antawisirèki | saking dènira prang Bratayuda | pan maksih tunggil warsane | taun surya ingetung | sinangkalan sajroning warsi | paksa gunaning nata |[1] taun căndra ketung | tata gatining pandhita |[2] duk samana nagri Ngastina winarni | wontên cipta sasmita ||
7. kadhatêngan cahya anglimputi | sabuwana kèbêkan sadaya | tan ana wruh pinangkane | cahya wênês sumunu | lintang lawan kang bumi langit | miwah kang surya candra | sadaya kalimput | kongsi sapta ri mangkana | datan ana kang
--- 1 : 4 ---
wikan rina lan wêngi | amung kang tinêngêran ||
8. lamun karasa arsa abukti | miwah nginum puniku siyangnya | kang tinêngran ing ratrine | akèh swaraning manuk | paksi munya rinungwèng janmi | walangkrèk calapita | lir saba nèng gunung | nanging padhang tan prabeda | surya candra kalihnya datan kaèksi | kasoran prabanira ||
9. duk samana sang sri narapati | Yudhisthira miwah para nata | sadaya ngungun galihe | samya duhkitèng kalbu | narka prabancana dhatêngi | sagunging para nata | prasamya angruruh | manawa na ingkang mawa | Nata Krêsna miwah Prabu Matswapati | katiga Baladewa ||
10. samya parentah kinèn ngulati | kang mawa cahya arda angkara | samana tan wruh ênggone | kapitèng tyas sadarum | dadya rêmbag samya sêmadi | manêgês karsaning [karsa...]
--- 1 : 5 ---
[...ning] Hyang | kang murwèng pandulu | ri wusnya samya mangkana | nulya wontên parmaning jawata lêwih | nuruni rata cahya ||
11. kusirira myang kuda pangirit | mawa cahya prabaning bawana | tumibèng ngarsa panêpèn | kagyat kang samya nungku | para nata lan para ari | sadaya samya mulat | gawok tyas sadarum | ya ta Sri Bathara Krêsna | wus atampi ing sasmita ingkang prapti | mèsêm jroning wardaya ||
12. ingkang samya anèng byantara ji | datan ana anggraitèng driya | amung kagawokan kabèh | wau ta sang aprabu | Yudhisthira lan para ari | lênggah marêk ing rata | miwah para ratu | Bathara Krêsna tan têbah | myang Wiratha Sang Aprabu Matswapati | miwah Sri Baladewa ||
13. dangu samya gènira ningali | Sri Bathara Krêsna angandika | nanging sindi [si...]
--- 1 : 6 ---
[...ndi] yêktine[3] | namung kinarya sêmu | pasamuan apasanggiri | dhuh yayi sri narendra | miwah para ratu | langkung ginaip punika | karsaning Hyang wontên ingkang dèn paringi | rata kang mawa cahya ||
14. nanging kawula datan andugi | ingkang sinung rata di punika | mila yèn sami karsane | inggih prayoginipun | katitihan aganti-ganti | pundi ingkang linilan | sayêkti pikantuk | samana Sri Yudhisthira | duk miyarsa miwah kang para narpati | suka rêmbag sadaya ||
15. Prabu Matswapati kang rumiyin | wus tumamèng swandana angkara | tan pikantuk panitihe | kadya upamènipun | angidaki wayangan nênggih | tan ana garantêsnya | sang nata gya wangsul | marêk ing Sri Yudhisthira | Sri Bathara Krêsna gumujêng ing galih | alon [a...]
--- 1 : 7 ---
[...lon] dènnya ngandika ||
16. matur marang Prabu Matswapati | kadospundi raosing sarira | miwah ta ing antarane | Sri Matswapati muwus | datan wontên raose ugi | manah kula kalintang | pan sangêt kumêpyur | mèsêm Sri Bathara Krêsna | sigra ngatag mring Prabu Drupada aglis | laju tumamèng rata ||
18. tan prabeda lan duk Matswapati | dènnya manjing rata tanpa karya | sampun wangsul ing ênggène | Sri Baladewa Prabu | tan pakantuk dènnyarsa nitih | gantya Bathara Krêsna | alon lêbêtipun | sêsandi angarah-arah | sarwi angling patute ragèngsun iki | ingkang sinungan rata ||
19. wus umanjing tan adangu mijil | sangking cahya prabaning swandana | wus wangsul lêga galihe | nulya sira Sang Prabu | Darmaputra
--- 1 : 8 ---
umanjing aglis | tan pae lan ing ngarsa | saksana gya wangsul | marang palênggahanira | sigra ari Sang Sena ingatag aglis | kinèn manjing ing rata ||
20. Bratasena gumuyu sarya ngling | lah ta iku iya ngêndi ana | sarana ingujudake | nanging sayêktinipun | yèn kang amrih utamèng pati | tan samar sangkan paran | kang ywa salang surup | sira Sri Bathara Krêsna | asasmita ing ari sarwi nganthuki | sigra Sang Bratasena ||
21. marêpêki rata gya anitih | tan adangu Sang Sena gya mêdal | tanpantuk don panitihe | nulya para ri mangsuk | ganti-ganti wus tanpa kardi | miwah para santana | tan pae rumuhun | ya ta Sri Bathara Krêsna | sukèng galih nulya pirêmbagan malih | myang sagung para nata ||
22. ingkang samya marêk [ma...]
--- 1 : 9 ---
[...rêk] ing jro puri | Sri Bathara Krêsna angandika | sampun luwar sadayane | èstu dede kinayun | yèn suwawi ing yayi aji | yogya atur uninga | ing sasolahipun | inggih dhatêng Saptarêngga | kangjêng eyang ingaturan aningali | rata andiwangkara ||
23. Prabu Yudhisthira duk miyarsi | tuwin sagung kang para narendra | mangayubagya karsane | wusnya dadining rêmbug | prabu ari kalih tinuding | umarêk mring kang eyang | marang ing Ngartawu | Prabu Nangkula Sadewa | wus winêling sadayanya rèh puniki | prabu kalih gya budhal ||
24. tan winarna lampahirèng margi | Prabu Nangkula lawan Sadewa | praptèng Saptarga kalihe | majêng mring eyangipun | praptèng ngarsa ing eyangnèki | Bagawan Abiyasa | kagyat [kagya...]
--- 1 : 10 ---
[...t] duk andulu | prabu kalih atur sêmbah | sampun katur sadaya ingkang wawêling | wiwitan awêkasan ||
25. ngunguning tyas wau duk miyarsi | Sri Maha Bagawan Abiyasa | wus karasa ing rasane | nulya dhawuh mring sunu | Sri Bagawan Dhrastharata Ji | arsa maring Ngastina | kang putra sang wiku | nuwun kêdah umiringa | tan linilan kinèn têngga ing asrami | kang putra tan lênggana ||
26. wus mangkana sang mahambêg êning | sampun bidhal saking Saptarêngga | ingiringakên wayahe | ing Mandraka sang prabu | lawan wontên siswa kang ngiring | sakawan atut wuntat | tan kawarnèng ênu | wus praptèng nagri Ngastina | Sri Bagawan Abiyasa manjing puri | panggih lan para wayah ||
27. Natèng Ngastina lan para aji | miwah sagung kang para rinira | gupuh angaup padane | amung [a...]
--- 1 : 11 ---
[...mung] kang para sêpuh | datan tumut amangênjali | amung anjawab asta | satata wus lungguh | miwah para pramèswara | kumarubut gantya-gantya mangastuti | rawuhing eyangira ||
28. Sri Bagawan Abyasa ningali | prabaning rata kang mawa cahya | wus karasèng wardayane | nanging maksih sinamun | karsaning kang jawata lêwih | sinantosan wardaya | wêkasing tumuwuh | wus tan samar pamorira | ing kawasan kang kawawas amung pasthi | pinusthi ing sri nata ||
2. Sinom
1. samana kang ponang cahya | duk nalikanira prapti | Sri Bagawan Abiyasa | obah kang dadya pangirit | kadya samaptèng kardi | kang cahya wuwuh sumunu | beda lan waunira | awit wruh ingkang dèn apti | solahira kadya
--- 1 : 12 ---
ge tinitihana ||
2. wus mangkana Sri Bagawan | Abiyasa ngandika ris | têtanya wawratanira | nênggih Ni Dèwi Untari | Sri Krêsna matur aris | pukulun sampun lèkipun | kang eyang malih nabda | iya ing wawêkas mami | lamun lair jabang bayi mijil priya ||
3. aja na ngêmak sirahnya | sarta parabana benjing | iya Radèn Dipayana | Sri Puntadewa wotsari | sandika turirèki | sarwi kumêpyur tyasipun | miwah kang para raja | tan ananduga tyasnèki | dene namanipun pinaringkên canggah ||
4. amung Sri Bathara Krêsna | kang sampun tampi ing galih | wau sri maha bagawan | sadangune aningali | kang rata cahyanèki | api kacaryan ing kalbu | alon dènnya ngandika | sun arsa bobot anitih |
--- 1 : 13 ---
ingkang rata amawa cahya angkara ||
5. pinambêngan datan kêna | kadêrêng kêdah anitih | nulya marêpêki rata | sigra anitih tumuli | ing ngriku sang mahêning | wus karsaning jawata gung | sirna kamanungsannya | wus wujud cahya anunggil | duk samana kang rata lajêng umêsat ||
6. mirut prabaning kang cahya | kang rata praptèng wiyati | wusana sami sakala | ing Ngastina sampun mulih | kadi ing nguni-uni | samana ingkang winuwus | nalika kadhatêngan | cahya kongsi pitung ari | datan kawistara siyang dalunira ||
7. ya ta Prabu Yudhisthira | miwah sagung para ari | mangu-mangunêng ing driya | tikbra sakala para ji | miwah kang para putri | sadaya karuna umung | lir tinêbak mong tuna | Sri Krêsna anggung maripih | angêngimur amrih [a...]
--- 1 : 14 ---
[...mrih] lêjaring wardaya ||
8. nulya Sri Bathara Krêsna | parentah kinèn akardi | panuturirèng kamuksan | dupanya sampun binasmi | tan antara dhatêngi | tandhane kêkasih tuhu | sagung jawatèng wiyat | miwah kang para apsari | angudani gănda mrik lan kêmbang-kêmbang ||
9. sumilir maruta gănda | yayah mangayuh wiyati | dera sang kalêngkaning rat | kerut karakêtan tistis | trênyuh sapraja kingkin | kataman ing kung kalangkung | kongas kusuting kang rah | mirut mirutaning bumi | kang kawangwang kung-kung ngawêngi ngawiyat ||
10. ima anglimputi pura | lir tumuntur ing prihatin | tidhêm ing sakala dahad | kadaut tyasing nagari | taru-taru kapyarsi | sru kang katêruh kumêpyur | ri wusnya tan antara | katingalan ing wiyati | cumalorot kadi andaru kumênyar ||
11. tumiba ing
--- 1 : 15 ---
ênggènira | Sang Rêtna Dèwi Untari | nulya wontên kang pawongan | amajêng matur wotsari | gupuh solahirèki | dhuh pukulun sang aprabu | kawula tur uninga | gusti Sang Dèwi Untari | ing samangke inggih babar mijil priya ||
12. suka Prabu Yudhisthira | gupuh samya anêdhaki | miwah sagung para nata | wus prapta gèning Untari | sadaya aningali | sang jabang bayi binagus | ngênguwung cahyanira | samana wus dèn namani | wawêlinge Sang Bagawan Abiyasa ||
13. nênggih kinèn namanana | Radèn Dipayana nguni | ing mangkya wus linaksanan | lajêng karan sanagari | nulya sri narapati | Sri Krêsna sigra anuduh | maring wukir Saptarga | pan kinèn atur udani | mring kang rama Sang Bagawan Dhêstharata ||
14. lamun ingkang rama seda | myang babarira Untari | samana
--- 1 : 16 ---
ingkang dinuta | sira Sang Prabu Sêtyaki | sampun anandhang wêling | budhal saha wadyanipun | kunêng ingkang dinuta | ya ta kawuwusa malih | duk samana wontên nangkoda ngajawa ||
15. karyanya dagang turăngga | janma sangking tanah Kêling | awasta Puthut Bratana | sampun pakaryanirèki | dhatêng ing tanah Jawi | kathah pêpajênganipun | nuju sawiji dina | ki puthut marêk sang aji | lawan bêkta gêgramènira turăngga ||
16. samana Sri Yudhisthira | anuju miyos tinangkil | pêpak sagung para raja | punggawa satriya mantri | supênuh păncaniti | sang nata kagyat andulu | wontên nangkoda prapta | akathah bêkta turanggi | tinimbalan sampun prapta ngarsa nata ||
17. dinangu ing sêdyanira | umatur lamun agrami | turăngga [tu...]
--- 1 : 17 ---
[...răngga] wêdalan sabrang | manawi karsa sang aji | sampun kinèn ningali | kabèh dêdaganganipun | wontên kuda satunggal | kinarsan ing sri bupati | pinaringan arta ing sarêgènira ||
18. Puthut Bratana turira | pukulun sri narapati | patikbra nuwun dêduka | tan susah pinaring picis | sumăngga sri bupati | katura sadayanipun | amba turkên kewala | amung idi sang siniwi | ulun pundhi tulusa angèstupada ||
19. lawan Ki Puthut Bratana | akathah tur-aturnèki | mangkana Sri Yudhisthira | arsa bêk sri narapati | langkung sihirèng galih | marang sira kyai puthut | ginanjar ing Kuningan | sakiwa têngênirèki | kang acêlak kalilan ngangge karajan ||
--- 1 : 18 ---
20. sampun sami ingèstrènan | ki puthut adêgirèki | sumujud angaras pada | lawan dipun tarimani | putri Rêtna Durmadi | nênggih nguni putranipun | sira Arya Durmuka | nak-sanaking sri bupati | wus dhinaupakên lan Puthut Bratana ||
21. akathah pêparingira | babêktan saking sang dèwi | tan winarna antaranya | ki puthut sampun apamit | wus kalilan tumuli | budhal saking ngarsa prabu | ing sarerehanira | lawan saking tanah Kêling | amiranti saupakartining raja ||
22. tan winuwus lampahira | ing Kuningan sampun prapti | lajêng anyêngkali kitha | nêngna kang sinungan ing sih | gantya ingkang winarni | wuwusên wukir Ngrêtawu | patapan Saptarêngga | Bagawan Dhêstharata Ji | tampi jarwa sasmita [sasmi...]
--- 1 : 19 ---
[...ta] sedaning rama ||
23. karasèng sangking wardaya | miwah pamiyarsanèki | kêsaring tyas tanpantara | sêsêk waspanira mijil | kêtêr-patêr[4] kuwatir | karsaning ăngga kumêdut | tandhane duka karsa | miwah kang kapyarsa sami | sêsauran munya parêk ing patapan ||
24. pêksi dhandhang mawurahan | munya lês kadya pêpeling | lir karunaning duhkita | tan taha taning asrami | dhuh sang arsa wiyadi | ramanira sampun lampus | tuwan kari anggana | tulusa têngga asrami | wus mangkana Sri Bagawan Dhêstharata ||
25. sayarda trênyuhing driya | nuwinda padoning alis | kang kanang karsa sungkawa | wontên malih kapiyarsi | têngis kongas manangis | wèh sasmitaning [sa...]
--- 1 : 20 ---
[...smitaning] malatkung | ima manglimput arga | truh tan aris mawa tistis | rês-rêsing tyas karasa sungkawanira ||
26. ngênglênging driya sungkawa | waspanira andrês mijil | sampun sinantosèng prana | tan waswas moring dumadi | kyèhing sasmita prapti | tidhêming saarga kusut | kasat matèng wardaya | wau Sri Dhêstharata Ji | tanpa muwus mung amawas kawêkasan ||
27. saksana samaptèng driya | ngèsthi pêpasthèning urip | sasampunira mangkana | kasaru praptanirèki | kang putra Sri Sêtyaki | duk prapta têpining gunung | sri bagawan wus krasa | uninga sajroning galih | kêsaring tyas sadaya karasèng driya ||
28. dupi praptèng ngarsanira | kang putra Prabu Sêtyaki | sri bagawan gupuh tanya | kulup sira lagi prapti | datan sangsayèng margi | miwah ta lamun ingutus [ingu...]
--- 1 : 21 ---
[...tus] | nêmbah Sri Lesanpura | pangèstu tuwan basuki | lawan malih pukulun prapta kawula ||
29. inggih kawula dinuta | ing putra tuwan sang aji | kinèn ngaturi uninga | ing paduka narapati | nênggih wus katur sami | sagung sapiwêlingipun | wiwitan awêkasan | myang ambabarnya Untari | mijil priya pan sampun katur sadaya ||
30. samana Sri Dhêstharata | nalikanira miyarsi | ature Sri Lesanpura | kagyat ing yas tanpa angling | tumungkul sru prihatin | katon karantan kalangkung | tikbra sakala dahat | sumaput tyas manaputi | kasêsêgên ing driya têmah palastra ||
31. gugup Prabu Lesanpura | saksana utusan aglis | lêlayu maring Ngastina |
--- 1 : 22 ---
dutanya sampun winêling | nêngna ingkang tinuding | winuwus sungkawanipun | pratipnyaning Saptarga | gung alit samya prihatin | miwah Rêtna Gêndari sapawongannya ||
32. asru kataman sungkawa | gumuruh karunèng wukir | sang dyah nungkêmi ing raka | kuwur Sang Prabu Sêtyaki | myarsa suwarèng tangis | anggung dènira mangimur | mrih lipuring sungkawa | prapta prabawaning rêsi | lindhu gonjing saarga tanpa antara ||
33. prahara gora ru-ara | rêp-rêp riris tanpa aris | kêkuwung ngawêngi arga | kawangwang tumeja kuning | kunêng ingkang prihatin | kocapa ingkang ingutus | punggawa Lesanpura | prapta Ngastina nagari | amarêngi sang nata miyos sewaka ||
34. supênuh ing panangkilan | pêpak kang samya sumiwi | satriya mantri punggawa | myang wadyabala
--- 1 : 23 ---
panamping | lir robing jalanidhi | miwah ingkang para ratu | maksih samya anewa | samya jajar ing para ji | miwah Sang Sri Bathara Krêsna tan têbah ||
35. jajar Prabu Baladewa | miwah Wiratha Sang Aji | jajar Sang Prabu Drupada | sumiwèng ngarsa tan têbih | ing Mandraka Narpati | Nangkula Sadewa ngayun | satriya myang punggawa | sumiwèng ngarsa narpati | Sang Arjuna nunggil Arya Bratasena ||
36. dutanya Sêtyaki nêmbah | katur sadaya kang wêling | purwa ing wêkasanira | ngungun sadaya kang myarsi | nata parentah nuli | arsa têdhak ing Ngrêtawu | sandika wus samêkta | tan antara budhal sami | rêrikatan datan kawarna ing marga ||
37. praptaning wukir Saptarga | sang nata sawadyanèki |
--- 1 : 24 ---
wus marêk wangkening rama | Bagawan Dhêstharata Ji | sadaya anglut tangis | Bathara Krêsna kalangkung | angimur kang sungkawa | dupi lipur sawatawis | Rêtna Dèwi Anggêndari amit bela ||
38. sapawongan kawan dasa | pinambêngan nora kêni | lajêng dènnya suduk jiwa | wus nunggil wangkening laki | ngungun ingkang para ji | mangkana lajêng tinutur | panutur purwèng pêjah | sawusnya sampêt basuki | sri narendra karsa kundur mring nagara ||
39. saksana wus pêparentah | sang nata kundur tumuli | gumuruh kang wadyabala | datan kawarna ing margi | ing Ngastina wus prapti | lajêng sewaka sang prabu | munggèng ing panangkilan | sadaya lajêng sumiwi | tata lênggah tan owah lan saban-saban ||
40. wau ta kang para nata [na...]
--- 1 : 25 ---
[...ta] | sadaya anuwun amit | arsa kundur mring prajanya | Wiratha Sri Narapati | miwah Baladewa Ji | amit mring Madura sampun | miwah Bathara Krêsna | kundur maring Dwarawati | Sri Drupada amit maring ing Cêmpala ||
41. sadaya sampun linilan | amung Drupada Sang Aji | kinèn ngalih mring Ngamarta | sandika aturirèki | dene kang para aji | nom-anom pan dèrèng kundur | misih anèng Ngastina | tan ana kang dèn lilani | amung para ratu kang sêpuh sakawan ||
42. punika ingkang kalilan | kundur mring prajanirèki | wau ta Sri Yudhisthira | kondur ngadhaton sang aji | bubar kang samya nangkil | samana kang para ratu | wusnya antara dina | sagung kang para narpati |
--- 1 : 26 ---
abudhalan mring prajane sowang-sowang ||
43. amung Sang Prabu Drupada | marang Ngamarta nagari | sakathahe wong Cêmpala | wus sami kinèn angalih | boyongi anak rabi | miwah rajadarbèkipun | Ngamarta wus raharja | suka manahe wadya lit | tata tita gantya wau kawuwusa ||
44. ya ta nagari Ngamarta | tulus raharja samangkin | samana asalin warsa | tauning surya winarni | sangkalanirèng warsi | katri gunaning sang wiku |[5] taun căndra ingetang | anênggih ingkang winarni | sinêngkalan obah kartining prabata |[6]|
45. kunêng nagari Ngastina | gantya kawuwusa malih | kang anggung anêgês karsa | nèng wana Tikbrasarèki | Wagiswara ta lagi | dènira samya manungku | sira Arya Swatama | lawan Arya Karpa nênggih | katigane sira Arya Kartamarma [Kar...]
--- 1 : 27 ---
[...tamarma] ||
46. duk maksih prang Bratayuda | pratiwa katri sêmadi | dènnya kalêbêt ing wêca | benjang yèn Dèwi Untari | dènira anggarbini | yèn ambabar mijil kakung | iku kang mêjahana | mocok sirahe sang katri | mila dahat rudatin ing manahira ||
47. ing mangke miyarsa warta | lamun Sang Dèwi Untari | wus ambabar mijil priya | Swatama gugup ing galih | miwah sang arya kalih | sami aclum netyanipun | prapta pikir pupusan | ngugêmi ambêg prajurit | wus anêmah satriya matiyèng rana ||
48. dadya samya pirêmbagan | Swatama ngandika aris | lah puniki paran karsa | yèn nanggunga asêmèdi | tanpa wêkasan ugi | wus lami pijêr nênungku | kula amyarsa warta |
--- 1 : 28 ---
lamun Sang Rêtna Untari | wus ambabar jabang bayi mijil priya ||
49. suwawi lamun sambada | dhinustha sang jabang bayi | yèn pinanggih pinêjahan | sampun kongsi bisa urip | ngêntosi lamun akir | puniku benjang kabanjur | anêtêpi ing jăngka | Kartamarma anauri | lah ta inggih suwawi ngantos punapa ||
50. luhung mangke pinêjahan | inggih mumpung maksih alit | Sang Karpa nambungi sabda | lah inggih nuntên suwawi | lawan măngsa puniki | andika sami katêmpuh | sedane sri narendra | wajib samya apêpulih | sapikantuk sampun katungkul nèng wana ||
51. sawusnya dadining rêmbag | katiga sami miranti | ngrasuk gêgamaning aprang | wus sinandhang radèn katri | nêdya datanpa dasih | tan antara bidhalipun |
--- 1 : 29 ---
samarga rarêmbagan | benjang yèn manjing ing puri | sabiyantu anêdya yuda kênaka ||
3. Pangkur
1. ya ta kang lagya lêlampah | kawuwusa nagari Dwarawati | Bathara Krêsna Sang Prabu | dangu dènnya sineba | putranira Radèn Satyaka nèng ngayun | miwah Sang Patih Udawa | wus munggèng ngarsa sang aji ||
2. Bathara Krêsna ngandika | he ta kulup samaptaa dèn aglis | sawadyabalanirèku | sun arsa mring Ngastina | liwat saking pan ingsun sandeyèng kalbu | iya maring pamanira | Sinuhun Ngastina adi ||
3. nanging sun mêtu gêgana | sira nuli nusula laku mami | Si Udawa aja kantun | sandika aturira | sigra radèn samapta sawadyanipun | nulya Sri Bathara Krêsna | samapta budhal tumuli ||
--- 1 : 30 ---
4. wus manapak jumantara | ingkang kari sampun budhalan aglis | sawadyanira gumuruh | mèh prapta ing Ngastina | nêngna Prabu Krêsna kang lagya lumaku | warnanên nagri Ngastina | hyang arka wus nitih wukir ||
5. samana kang cinarita | Radèn Dipayana sru dènnya nangis | pamularira kalangkung | tan kêna ingênêngan | ingkang ibu dahat singkêling tyasipun | myarsakkên tangising putra | kathah karaosing galih ||
6. kagagas-gagas tyasira | sira Rêtna Untari milu nangis | Wara Sumbadra kalangkung | putêk tyas ngêmu waspa | dènnya amrih lêjare ing wayahipun | sangsaya sru pamularnya | kang eyang milu anangis ||
7. Radèn Abimanyuputra | tuhu lamun jawata ingkang kardi | pamulare radèn sunu | Untari sambatira | dhuh Pangeran paran iki putranipun [putranipu...]
--- 1 : 31 ---
[...n] | dene tanpa sita-sita | ing panangisira kaki ||
8. Rêtna Banuwati sigra | radèn putra cinandhak dèn ênêngi | alon ing pamuwusipun | mênênga sira nyawa | wêlasana kabèh wong tuwanirèku | paran ingkang sira pinta | têka mular datan sipi ||
9. Rêtna Drupadi anyandhak | mêksa datan darana dènnya nangis | Wara Sumbadra kalangkung | ardaya kèh karasa | para arum sadaya singkêl tyasipun | Sang Aprabu Yudhisthira | sungkawa duk amiyarsi ||
10. milu mangimur ing wayah | Radèn Dipayana tan kandhêg dening | sakèhing para pangimur | saya sru pamularnya | duk samana ana swara kapirungu | dening Prabu Yudhisthira | mangkana dènnya miyarsi ||
11. hèh hèh kaki Yudhisthira | lamun arsa tutut wayahirèki | sira
--- 1 : 32 ---
sungana sêsanggup | benjang gumantyèng nata | lawan aranana Parikêsit iku | lah nuli wêcananana | wus têlas kang kapiyarsi ||
12. ya ta Prabu Yudhisthira | amituhu ing ujar kang kapyarsi | marêpêki wayahipun | sarwi sinungan ujar | dhuh dhuh Parikêsit mênênga ta kulup | benjang gumantia nata | sira ingkang sun lilani ||
13. mangkana Dyan Dipayana | duk miyarsa kèndêl dènira nangis | suka tyasira sadarum | lajêng guling rahadyan | wus binêkta manjing pasareyanipun | sang nata wangsul lan garwa | maring jungut tilamsari ||
14. Sang Rêtna Wara Sumbadra | sare munggyèng kadhatyan lawan cèthi | madya ratri wancinipun | Sang Rêtna Banuwatya | majang wulan kalawan parêkanipun | ing natar sajroning pura | samya kapati
--- 1 : 33 ---
aguling ||
15. nêngna kang samya anendra | kawuwusa kang nêdya laku maling | sang duratmaka têtêlu | Swatama lawan Karpa | Kartamarma mangkana ing lampahipun | praptaning nagri Ngastina | wus wanci ing lingsir wêngi ||
16. laju manjing ing jro pura | sarya nandukakên sêsirêpnèki | nglimputi jroning kadhatun | sami kenging kamayan | sawusira lajêng lumampah sang pandung | ngidêri sajroning pura | sakèh gêdhong dèn intipi ||
17. tinon asonya kewala | nora nana nênggih Dèwi Untari | amung rara kênya turu | kathah madyaning natar | prawira tri ngalih-ngalih lampahipun | prapta gène Banuwatya | nèng nglatar maksih aguling ||
18. wantuning tan antuk nendra | katêlangso gènnya ngênêng-ênêngi | duk mulare [mu...]
--- 1 : 34 ---
[...lare] radèn sunu | dadya sakeca nendra | kawimbuhan kênèng kamayaning pandung | sêsirêpira andadya | tan ana janma ngalisik ||
19. ya ta Arya Kartamarma | duk uninga mring Rêtna Banuwati | kagagas muntap tyasipun | sakala salin karsa | kang kawangwang Banuwati cêmêripun | sedaning garwa tan bela | têmah krama lan Prêmadi ||
20. bramantya Sang Kartamarma | sigra narik kadga sarya sru angling | hèh Banuwati sirèku | nguni sira sun sêmbah | ing samêngko anjing iki bêktiningsun | mangkene sira tan lana | si anjing mêmanas ati ||
21. sigra tinigas murdanya | kapisanan Banuwati ngêmasi | katri lajêng lampahipun | ngulati ênggènira | Rêtna Dèwi Untari datan kapangguh | kadi bingung katiganya [ka...]
--- 1 : 35 ---
[...tiganya] | dangu ngubêngi jro puri ||
22. ya ta wau kawuwusa | lampahira Bathara Dwarawati | praptèng Ngastina wus laju | lumêbèng dhatulaya | lingsir dalu sang nata ing lêbêtipun | tan ana ingkang uninga | sadaya kapati guling ||
23. sapraptanirèng jro pura | Nata Krêsna kagyat dènnya ningali | lampahing maling têtêlu | Swatama Kartamarma | lawan Karpa Nata Krêsna mire gupuh | matêk aji lêlimunan | angodhol lakuning maling ||
24. tysira atarataban | angandika sang nata jroning galih | kadingarèn na tyas ingsun | têka atarataban | ingsun nate kinarubut sèwu mungsuh | tan kadi mangke tyas ingwang | sampun lajêng atut wuri ||
--- 1 : 36 ---
25. lajêng lampahe sang dhustha | Nata Krêsna maksih dènnya kêkinthil | samana lampahing pandung | bingung tan wruh ing marga | kawarnaa Dyah Wilutama andulu | yèn putrane tan wruh marga | maring gon Dèwi Untari ||
26. saksana dènnya tumêdhak | Rêtna Dèwi Wilutama wus panggih | lan Swatama putranipun | kagyat sang dwijawara | duk andulu yèn ibunipun tumurun | lajêng umarêk tur sêmbah | kang ibu têtanya aris ||
27. dhuh kaki paran karsanta | sira iki padha kawêlasasih | Radèn Swatama umatur | ibu sêdya kawula | angulati ênggèning Untari ibu | rèhning ulun kenging wêca | inggih benjing kang mêjahi ||
28. dhatêng ing badan kawula | inggih sutanipun Dèwi Untari | patutan lan Abimanyu | mangke sêdya kawula | ulun dhustha [dhu...]
--- 1 : 37 ---
[...stha] mumpung bayi maksih timur | ibu badhe amba lunas | sampun kongsi sagêt urip ||
29. lan malih wau kawula | sadangune ngulati tan kapanggih | pun Kartamarma duk wau | mêjahi Banuwatya | wontên natar sawêg sakeca aturu | tinigas murdane pêjah | ya ta Natèng Dwarati ||
30. nalikanira miyarsa | tyas kumêpyur ngunandikèng jro galih | baya iki mawanipun | gon ingsun tarataban | liwat saking bêbaya si anjing iku | dene ta kaliwat-liwat | mêjanani marang mami ||
31. mangkono pratingkahira | măngsa dadak padha manggih basuki | lawan paran polahipun | yayi pe yèn uninga | matur malih Swatama mring ibunipun |
--- 1 : 38 ---
dhuh mugi dipun wurungna | ing pêca kang gêgirisi ||
32. lawan pundi ingkang marga | angandika Wilutama Sang Dèwi | sangking sru trêsna mring sunu | hèh kaki mangetana | ika ana gêdhong maksih damaripun | iya iku ênggonira | lah age dèn ngati-ati ||
33. Wilutama wus umêsat | dhustha katri laju dènnya lumaris | Bathara Krêsna duk wau | waspada solahira | duk Swatama kapanggih lan ibunipun | sigra ngruhuni lampahnya | prapta gèning Dyah Untari ||
34. nanging maksih alimunan | ya ta Dèwi Untari eca guling | para putri ingkang tunggu | sadaya anggêlasah | amung jabang bayi ingkang sampun wungu | myang kèndêl datan amular | ya ta Bathara Krêsna glis ||
35. lênggah ngulon-ulonira |
--- 1 : 39 ---
jabang bayi Sri Krêsna amiranti | mangkana dhustha têtêlu | umajêng manjing sana | anèng dagan dènira sami arêmbug | kapêksa ing angkahira | mèh prapta ing bangun enjing ||
36. sulaya pratikêlira | tiga nulya ngagagi kang jêmparing | ingayat-ayat adangu | rahadèn putra suka | panyanane liniling suka gumuyu | sigra dènnya karoncalan | anjêjak jêmparingnya tri ||
37. Kartamarma anèng ngarsa | saraweyan astane kanan kering | kang kanan anyampe sampun | gandhewane Swatama | kering nyampe Sang Karpa gandhewanipun | dadya jêmparing malêsat | ambalik lajêng ngênèni ||
38. naratas dhustha têtiga | kawatgata kenging jăngga pribadi | aniba katiganipun | nèng dagan [da...]
--- 1 : 40 ---
[...gan] gulasaran | Nata Krêsna suka dènira andulu | mèh prapta bangun raina | prabaning raditya mijil ||
4. Mijil
1. bang-bang wetan sang hyang arka mijil | wau sang akatong | wus rinacut wau silumane | Rêtna Dèwi Untari nulya glis | kagyat sang lir Ratih | gupuh gènnya wungu ||
2. duk ningali mring Sri Harimurti | sang rêtna yun anjog | maring jogan sang nata sabdane | hèh Untari sira aja wigih | mêngko sun wartani | mau ana pandung ||
3. duratmakane katri wus mati | sutanta kang mocok | lah ta iku nèng jawi wangkene | ya ta kagyat sang rêtna miyarsi | sajawining kori | wontên wangke pandung ||
4. wantuning èstri ajrih nulyanjrit | Sri Krêsna lingnya lon |
--- 1 : 41 ---
lah ta aja bribin sira mangke | mapan uwis sun dunungkên têbih | sambutên dèn aglis | lah nini putramu ||
5. gupuh dènnya manambut ing siwi | sang nata gya miyos | lah kariya sira anèng kene | ingsun arsa marêk yayi aji | saksana umijil | wau lampahipun ||
6. marêk maring Yudhisthira Aji | maksih anèng gêdhong | eca guling lan pramèswarine | Nata Krêsna anothok kang kori | alon dènira ngling | wungua ri prabu ||
7. lah sampun sakecanên aguling | wau kang anèng jro | duk miyarsa Sri Krêsna dêlinge | sigra wau sang nata miyosi | tundhuk lan raka ji | nèng jawining pintu ||
8. alon matur Sri Yudhisthira Ji | kamayangan ingong | kaka prabu ing
--- 1 : 42 ---
mangke rawuhe | ing Ngastina têka rawuh enjing | baya wontên kardi | Sri Krêsna lingipun ||
9. dhuh ri aji praptèng ulun ngriki | wau sirêping wong | mila dalu saking gêng watire | duk maksihe anèng Dwarawati | datan bêtah yayi | tansah kêpyur-kêpyur ||
10. prapta kawula sajroning puri | pan tumuntên anon | duratmaka têtiga lampahe | wus winartan solahirèng ratri | Sri Puntadewa Ji | angungun kalangkung ||
11. sigra gantya wêwarta sang aji | mring raka sang katong | pamulare ing dalu wayahe | salwiring rèh katur ing raka ji | Nata Krêsna myarsi | dadya samya ngungun ||
12. sang hyang rawi wêktunya wus inggil | mijil nata karo | sigra têdhak marang gèning wangke | sri narendra wau duk ningali | gya
--- 1 : 43 ---
cèthi kêkalih | dyan ingutus gupuh ||
13. animbali sagung para ari | miwah para katong | cèthi kalih wus nêmbah lumèngsèr | sigra sampun dhinawuhan mangkin | sagung para ari | gugup lêbêtipun ||
14. sampun kerit mring cèthi kêkalih | sagung prawira nom | praptèng pura wus sumiwi kabèh | para ari ngarsa dènnya linggih | samya atur bêkti | raka kalihipun ||
15. Nata Krêsna angandika aris | hèh sagung riningong | miyarsakna tutur ingsun kiye | mau ratri ana laku juti | umanjing jro puri | kang maling tatêlu ||
16. lah ta iku rupane kang maling | katiga tos-atos | Aswatama lan Karpa kalihe | Kartamarma amangarah pati | mring wayahirèki | sutane [su...]
--- 1 : 44 ---
[...tane] Bimanyu ||
17. ing samêngko wus padha ngêmasi | dening wayah ingong | tanpa sesa maling katêlune | ingkang wangke lah dulunên sami | sagung para ari | ngungun duk andulu ||
18. samya mulat mring wangkening maling | Sri Mandraka Katong | Prabu Nangkula lan Sadewane | yun kabangan marang wangke katri | Sang Sri Krêsna angling | iku dudu laku ||
19. ngêndi ana mungsuh wus ngêmasi | ingajak prang pupoh | tuwas sayah yêkti tanpa gawe | Arya Sena bêkuh dènira ngling | dhuh kakangku aji | pagene sirèku ||
20. têka datan anganggo baribin | wong nêmu pakewoh | jamak nganggo wêwarah kadange | Sri Bathara Krêsna ngandika ris | dhuh pangrasa mami | tan susah pitutur ||
--- 1 : 45 ---
21. nora pae sira lawan mami | rumêksèng kadhaton | pakewuhing praja iki kabèh | pracayakna maringsun sayêkti | kaya tan gumingsir | nanggulang pakewuh ||
22. aywa sandeya kabèh sirèki | ewuhing karaton | katêmpuhna ing pun kakang kiye | saking gon ingsun rumêksa yêkti | marang yayi aji | Yudhisthira Prabu ||
23. Nata Krêsna angandika malih | sagung ariningong | yêktènana yayi besuk têmbe | iya lamun ana bayi alit | yèn tan kanthi sakit | mular dalu-dalu ||
24. yitnanana yayi ingkang bêcik | aja kabêsturon | lah rêksanên praptèng saratrine | iku ana bêbaya kang prapti | sagung para ari | sandika wotsantun ||
25. Sri Bathara Krêsna [Krê...]
--- 1 : 46---
[...sna] ngandika ris | hèh Sena riningong | ingsun iki dahat mong wirage | marang arinira Si Prêmadi | dene bakal kingkin | ingsun mêngko tutur ||
26. maring yayi duk ing mau ratri | Banuwati layon | pan cinidra tinigas murdane | duratmaka iki kang matèni | ingsun tan mênangi | duk panigasipun ||
27. nanging yayi mungguh Banuwati | wus pasthine layon | praptèng jangji ing sawêngi kiye | pinulung ing dewa kang among sih | marmane sun iki | tan bisa têtulung ||
28. ya ta wau kang samya miyarsi | sandeya èsmu loh | risang Parta kumêpyur galihe | tarataban ing tyas sênik-sênik | tan panggah palinggih | lajêng nglès amêtu ||
29. anglêsing tyas nityasèng mong kingkin | lêlana sang anom [ano...]
--- 1 : 47 ---
[...m] | tanpa rowang anglalu galihe | kunêng ingkang kapugutan ing sih | kang winarna malih | nata kalihipun ||
30. lawan para ari maksih nangkil | anèng jro kadhaton | Nata Krêsna tan wrin duk lungane | Sang Arjuna dadya sri bupati | angandika aris | lah iku dèn gupuh ||
31. wangke iku marêkna ing mami | nulya prabu karo | ing Mandraka sigra nyaosake | praptèng ngarsa wangke pandung katri | Sri Nata Krêsna ngling | kang maling têtêlu ||
32. pinarsapan hèh sirèku juti | karêm laku cêlor | Aswatama ing pamugarine | lah sirèku dadia brêngkutis | hèh Kartamarmèki | dadia sirèku ||
33. kowangan kang dhêdhăngka ing jis-jis | Karpa sira mêngko | lah dadia
--- 1 : 48 ---
êngkik-êngkikane | aja parêk sira lawan janmi | pinae sasami | lawan kutu-kutu ||
34. hèh hèh enggal sirnaa sirèki | săngka ngarsaningong | kang sinabdan matur katigane | angumbara wus datan winarni | wau ta sang aji | Yudhisthira Prabu ||
35. lawan Nata Krêsna manjing puri | yun nampurnèng layon | para ari pan umiring kabèh | kawuwusa sagung para cèthi | gumrah samya nangis | gustinira lampus ||
36. Rêtna Dèwi Drupadi manangis | miwah para sinom | gumarumung asru panangise | Dyah Sumbadra lênggah sarya nangis | sêsambatirèki | dhuh yayi riningsun ||
37. nguni dadya kadang sêpuh mami | mangkya ariningong | wus tinêmah nêdya dadi anèm | sangking sampun mahambêk lan mami | têka [tê...]
--- 1 : 49 ---
[...ka] mangke yayi | nguncati maringsun ||
38. iya kabèh maru-maru mami | pan wus padha layon | ing samêngko kari sira dhewe | saking dahating trisnanirèki | marang jênêng mami | tan rêngkuh-rumêngkuh ||
39. mêngko sira alumuh kapati | marang raganingong | aksamanta ingsun kèh lupute | pamêngkuningsun mring ari mami | dhuh ta Banuwati | sapa kanthiningsun ||
5. Kinanthi
1. mangkana panangisipun | Rêtna Sumbadra Sang Dèwi | mèh kadurus laraning tyas | samana kasêlak prapti | Maha Prabu Yudhisthira | lan Bathara Dwarawati ||
2. para ari atut pungkur | umanjing sajroning puri | ya ta Sri Bathara Krêsna | angimur tangising ari | Maha Prabu Yudhisthira | maripih mring pramèswari ||
--- 1 : 50 ---
3. sasampunnya samya lipur | sagung kang sami anangis | nulya Sri Bathara Krêsna | parentah kinèn angrukti | upakarti kasampurnan | wus samapta punang saji ||
4. gya tinunu wangkenipun | Rêtna Wara Banuwati | tinutur maring kamuksan | sampun paripurna sami | mangkana Sri Nata Krêsna | nimbali Radèn Prêmadi ||
5. Natèng Mandraka umatur | raka paduka dewaji | duk maksihe wontên jaba | nalikanira miyarsi | lamun garwanipun pêjah | tan darana kesah mijil ||
6. Bathara Krêsna angungun | miwah Yudhisthira Aji | ardaya kecalan kadang | mangkana Sri Harimurti | amit arsa ngulatana | lungane Radèn Prêmadi ||
7. Prabu Yudhisthira matur | sumăngga ing kaka aji | mugi tuwan pinanggihna [pinanggih...]
--- 1 : 51 ---
[...na] | rayai paduka Prêmadi | nauri Bathara Krêsna | sampun sandeya ing galih ||
8. amung ing sapungkur ulun | nuntên utusana nuli | ngaturi raka paduka | kakang Prabu Mandura Ji | lan rama tuwan Ngamarta | mituhu ingkang winêling ||
9. Sri Bathara Krêsna sampun | abidhal margèng wiyati | nêdya ngulati Sang Parta | mangkana malih winarni | Sang Aprabu Yudhisthira | parentah punggawa kalih ||
10. samapta badhe ingutus | mring Mandura angaturi | kang raka Sri Baladewa | punggawa ingkang satunggil | ingutus maring Ngamarta | sami kinèn angaturi ||
11. sandika ing aturipun | dwi punggawa kang tinuding | datan winarna ing marga | praptèng Mandura kang siji | lajêng marêm[7] mring sang nata | Baladewa [Bala...]
--- 1 : 52 ---
[...dewa] wus pinanggih ||
12. duta manêmbah umatur | kawula gusti tinuding | rayi tuwan sri narendra | paduka dipun aturi | têdhak dhumatêng Ngastina | wus katur sadaya sami ||
13. ngungun Baladewa Prabu | sigra dènira ngundhangi | ing wadya samapta budhal | datan kawarna ing margi | praptèng nagari Ngastina | wus panggih lawan sang aji ||
14. ya ta malih kang ingutus | maring Ngamarta nagari | ing marga datan winarna | praptèng Ngamarta [...]-gih[8] | lawan Sang Prabu Drupada | duta umatur wotsari ||
15. gusti kawula ingutus | putra tuwan sri bupati | ngaturi jêng padukendra | dhatêng Ngastina nagari | putra tuwan sang lir rêtna | dahat onêngirèng galih ||
16. Prabu Drupada angutus | parentah budhal tumuli | maring nagari Ngastina |
--- 1 : 53 ---
tan antara sri bupati | wus budhal sawadyanira | gumuruh samargi-margi ||
17. tan winarna lampahipun | sapraptanirèng wanadri | wontên janma atênaga | lir wong edan solahnèki | nênggih wasta Wiku Mudra | gêlah-gêlah anèng margi ||
18. marêpêki lampahipun | dipangganing Drupada Ji | dupi cêlak ing matêngga | Sang Wiku Mudra nulya glis | ngamuki wong ambêk pêjah | gègèr wadya Ngamartèki ||
19. pinarbutan ing wadya gung | gugup solahirèng jurit | dadya tanpantuk ing yuda | punggawa Ngamarta sami | sigra Risang Wiku Mudra | marêpêki sri bupati ||
21. sarwi mênthang langkapipun | lumêpas ingkang jêmparing | kawatgata Sri Drupada | jaja nrus lajêng ngêmasi | wusnya jêmparing [jêmpa...]
--- 1 : 54 ---
[...ring] anulya | sang wiku muksa tan kèksi ||
22. wadyanya langkung angungun | kyana patih sru manangis | tyas tan nyana yèn sang nata | kongsi anêmahi lalis | dadya kang para punggawa | angrukti wangkening gusti ||
23. duta Ngastina lêlayu | mring Ngastina tur upêksi | salwiring rèh solahira | wus kamot ingkang tinuding | Dhasthakètu wus utusan | mring Ngamarta tur udani ||
24. marang pramèswari prabu | winêling sadaya sami | wus budhal duta kalihnya | datan winarna ing margi | caraka maring Ngamarta | prapta wus matur ing gusti ||
25. katur sapitungkasipun | mangkana sang pramèswari | nalikanira miyarsa | aturnya dutaning patih | sigra dayintèng Ngamarta | karunanjrit tan sinipi ||
26. gupuh
--- 1 : 55 ---
sang rêtna sumusul | yun wikan wangkening laki | ingiring wadya kang têngga | praja tan winarnèng margi | dupi prapta gèning raka | tan sarănta malayoni ||
27. sang dyah anungkêmi gupuh | kunarpanirèng raka ji | tanpanon rat idhêpira | kadurus rasaning ati | pramèswari ing Ngamarta | têmahan bela ngêmasi ||
28. ya ta Patih Dhasthakètu | sayarda tikbraning galih | lajêng anungka utusan | mring Ngastina anusuli | lamun pramèswari seda | wus mêsat ingkang tinuding ||
29. datan kawarna ing ênu | ing Ngastina sampun prapti | samana Sri Yudhisthira | anuju miyos tinangkil | pêpak kang sumiwèng nata | punggawa prameya mantri ||
30. ya ta duta kang rumuhun | lajêng marêk ing sang aji |
--- 1 : 56 ---
ngaturkên sasolahira | miwiti malah mêkasi | kumêmbêng Sri Yudhisthira | nalikanira miyarsi ||
31. miwah kang sami angrungu | ngunguning tyas èsmu wingit | tan antara malih prapta | duta kang lumakyèng wuri | lajêng ngabyantarèng nata | umatur saha wotsari ||
32. wus katur sadayanipun | sapitungkasnya ki patih | ngênglêng sang nata miyarsa | mangu mangunêng ing galih | saksana kundur ngadhatyan | sarwi parentah tumuli ||
33. kinèn samapta ing laku | punggawa myang para ari | lamun Prabu Yudhisthira | arsa têdhak ing wanadri | sandika kang para wadya | sang nata wus praptèng puri ||
34. lajêng wêwarta sang prabu | mring garwa Dèwi Drupadi | sagung salwiring pawarta | mangkana duk amiyarsi |
--- 1 : 57 ---
langkung trênyuhing wardaya | sang dyah aniba ing siti ||
35. asru ing pamuwunipun | kagagas-gagas ing galih | dènira kari anggana | tinilar ing yayah bibi | myang kadang sadaya sirna | tuwin putranya ngêmasi ||
36. tyas rudah yayah kadaut | ăngga matrênyuh tan sipi | sang nata sru pangimurnya | dhuh jiwèngsun aywa kingkin | aywa kadurus tyasira | sun arsa mangkat tumuli ||
37. mring Ngamarta yun manutur | kamuksane rama aji | dhuh gusti sira mèlua | payo sun atêrkên yayi | aywa gung wiyoga dahat | ing satêmah tanpa kardi ||
38. payo mênêti mas ingsun | kunarpane rama aji | ika wus lami nèng wana | yèn kadangon kawlasasih | lah ta
--- 1 : 58 ---
nuli samaptaa | sun arsa budhal tumuli
39. riwusnya samaptèng laku | sagung kang badhe umiring | tan winuwus ing sungkawa | nulya budhal sri bupati | lawan pramèswarinira | ginarbêg samargi-margi
40. tan winarna lampahipun | ing wana Ngamarta prapti | mangkana rêtna dayinta | nalikanira ningali | kunarpaning yayah rena | sang dyah aniba gumuling
41. matrênyuh tyasira prabu | rêntênging driya tan sipi | dènira sang pramèswara | sayarda ardayanèki | anggung mangimur ing garwa | Kusuma Wara Drupadi
42. tan antara wusnya lipur | sigra dhêdhawuh sang aji | kinèn karya panuturan | upakartining ngabêsmi | sampun sumaji sadaya | sagunging kang brăngta kingkin ||
6. Asmaradana
1. mêpêki kang saji-saji | upakartining kamuksan [kamuksa...]
--- 1 : 59 ---
[...n] | kayu-kayu myang apine | sigra sang sri naradipa | parentah mring punggawa | kinèn nyumêda kang latu | saksana sami tumandang ||
2. kang dahana wus andadi | anggêrêng swarèng pawaka | lir ăndakara urube | yayah mangayuh ngawiyat | mumbul mangalad-alad | punang wangke kalihipun | pinanjingkên ing pawaka ||
3. wus prapta sajroning agni | kunarpa Natèng Ngamarta | sinarêng pramèswarine | ya ta kang ardi pawaka | jumêgur swaranira | wèh tăndha sampurnèng lampus | mangkana ing antariksa ||
4. kathah jawata nêdhaki | ngurmati kamuksanira | Sri Drupada lan garwane | mangastuti kêmbang-kêmbang | sagung jawatèng wiyat | sumawur ing agni murub | lir manginggar ing sungkawa ||
5. marang Sang Rêtna Drupadi |
--- 1 : 60 ---
ingkang tinitah misesa | bawana pramèswarine | kadya nangsayèng wardaya | muksaning ramanira | miwah ibu sorinipun | wus samya manggih kamulyan ||
6. parêk ing Hyang Otipati | tan sangsaya kalihira | amulya ing swarga kabèh | têlas wuwusing jawata | kang anèng antariksa | sakathahing jawata gung | wus kundur maring kahyangan ||
7. sirêp urubing kang agni | sang nata apêparentah | kinèn anyandhi awune | kalihnya wus pinênêdan | sampurna sri narendra | nulya sang natarsa kundur | punggawa samya samapta ||
8. Sang Sri Yudhisthira Aji | wus budhal sawadyanira | datan winarna lampahe | praptaning nagri Ngastina | sang nata lawan garwa | lajêng manjing ing kadhatun | makuwon [makuwo...]
--- 1 : 61 ---
[...n] kang para wadya ||
9. samana Rêtna Drupadi | sarawuhing dhatulaya | misih sungkawa galihe | rinasa saya karasa | muksaning ramanira | lan kang ibu sang dyah ayu | lalu kalingling lolanya ||
10. atajin dhahar myang guling | rêtna dayinta tyasira | datan tolih kawiryane | mung ngayam-ayam antaka | saking sru ardayanya | ngênglênging driya malatkung | kongas kawistarèng netya ||
11. tanpantara siyang ratri | pamularira sang rêtna | pan akathah sêsambate | yèn latri nungku paprêman | yèn siyang gubêl raka | putêking tyas sang aprabu | kataman tangising garwa ||
12. anuju dina sawiji | risang narendra dayinta | marêk ing raka sang katong | nungkêmi pada karuna | kathah sêsambatira | dhuh kang masesa
--- 1 : 62 ---
maring sun | asiha ing dasihira ||
13. paran wêkasane sêdhih | dhuh pukulun batharèngwang | lah tulungên raganingong | brasthanên ing ngarcapada | atêrna mring kamuksan | sampun kapanjang katèngsun | tumuwuha tuwas-tuwas ||
14. yèn uripa awak mami | wus tanpa pangarsa-arsa | dhuh sang nata dewaningong | amung amukti wibawa | datan arjèng wardaya | tansah gêng ardayèng ulun | lalu amêmala dahat ||
15. rama ji myang ibu sori | sirna datan têkèng ăngga | miwah kadang-kadang ingong | tan dadya rudahing manah | dêstun cuwa kewala | sasampuning tyas pukulun | tan wontên kinudang-kudang ||
16. duk Păncawala ngêmasi | pukulun putra paduka | paran benjang wêkasane [wêka...]
--- 1 : 63 ---
[...sane] | wau ta duk amiyarsa | Sang Prabu Yudhisthira | rawat waspa kapirangu | ngongas ngênêsing wardaya ||
17. mangkana lingira aji | dènira ngimur ing garwa | sarwi ngrarêpa sang katong | dhuh ariku aywa dahat | kasangsayèng driyanta | nadyan nêmahana lampus | pun kakang măngsa kantuna ||
18. aja kadurus ing galih | benjang praptaning dêlahan | gusti maksiha karongron | ywa pisah saparanira | janmaa kaping sapta | kondhangên kaping sapuluh | tan gingsir sapakonira ||
19. dhuh wulatên ari mami | tolèha maring pun kakang | ilangên lara wirage | sapa kang andasihêna | benjang nèng Endraloka | aja lyan sira mas ingsun | saksana wau sang nata ||
20. garwa sinambut [si...]
--- 1 : 64 ---
[...nambut] tumuli | binêkta maring paprêman | ingarih-arih gya sare | anèng ron lan raka nata | kunêng kang mriyêmbada | mangimur ing garwanipun | nahên gantya kawuwusa ||
21. kang anggung anèng wanadri | Sang Parta datanpa rowang | kawlasarsa saparane | sakesahnya saking praja | duk sedane garwanya | Rêtna Banuwati iku | tyasiranggung ngaru-ara ||
22. tanpa dhahar miwah guling | nityasa sungkawanira | rawat waspa saparane | datan liya kang kaarsa | amung Putri Mandraka | sagon-gonira agandrung | wigêna yayah antaka ||
23. mangkana karsaning galih | Sang Parta jroning sungkawa | dhuh mirah pêpujan ingong | benjang praptaning dêlahan | aywa pisah pun kakang | kadurus ing lara gandrung | Sang Parta saparanira ||
24. sruning kadarpan wiyadi [wiya...]
--- 1 : 65 ---
[...di] | saputing tyas tanpanon rat | têmah emut satriyane | ing driya asru kabangan | katon kang duratmaka | hèh dhustha sikara mring sun | patimu pati druhaka ||
25. yêkti sinêrang ing bumi | kaèsi-èsi ing benjang | patimu tan kumpul lan wong | sakala kèngêtan garwa | lajêng niba ing kisma | wungunira pungun-pungun | datan pêgat ngungak-ungak ||
26. lajêng tumindak aririh | sarwi angalap puspita | kinuswa-kuswa sarine | dhuh yayi iki puspita | pantês nèng ukêlira | wênèh ron sêkaring gadhung | lah karyanên sêsinthingan ||
27. karêmênanira nguni | ukêl sarwi sêsinthingan | tinon asri rompyoh-rompyoh | kinalèwèr anèng jăngga
--- 1 : 66 ---
duk maksih nèng Mandraka | nalikaningsun andulu | akarya larasing driya ||
7. Mijil
1. sang sayarda kang kaciptèng galih | risang prawira nom | dènnya seda wau ing garwane | rêtnaning rat Sang Dyah Banuwati | anggung nèng wanadri | mung ketang sang ayu ||
2. tajin dhahar miwah tanpa guling | wau ta sang anom | tan aketang ing wanapringgane | sruning kadarpaning tyas wiyadi | ing siyang myang ratri | ketang murcanipun ||
3. ingkang garwa tansah dèn ulati | sagon-gon wirangrong | karungrungan ngarang saparane | ngungak-ungak jurang kali-kali | nityasa gêng wingit | èngêt garwanipun ||
4. tanpa mêndha saparan ngrêrintih | dhuh woding tyas ingong | sasmitanên gusti kêkasihe | aywa pijêr sangsaya mring mami | tan wande ngêmasi [ngê...]
--- 1 : 67 ---
[...masi] | pun Parta pukulun ||
5. yèn tan antuk usadanta yayi | tan wurung salah ton | sruning agring yayi tanpa sarèh | rangu-rangu pajêr[9] ngèsthi pati | sapa ngusadani | gon ingsun lara kung ||
6. nora katon kasatriyan mami | mung sira katongton | kayaparan bae wêkasane | ênggon ingsun anandhang wiyadi | anèng ing wanadri | mung ketang sirèku ||
7. riwusira Sang Parta anangis | pêtêng netra karo | kawêranan ing waspa wijile | singkêling tyas tansah kawlasasih | astanira kalih | gung ngusapi kang luh ||
8. hyang ratitya[10] wus anitih wukir | bang-bang sirat kulon | ima rayung wuyungan driyane | sangsayarda ardaning wiyadi | ngênglêng Sang Prêmadi | ton pringganing dalu ||
9. kèh swaraning [swara...]
--- 1 : 68 ---
[...ning] ratri kapiyarsi | dening sang wiranom | calapita walangkrèk arame | lir karunaning dyah mêmaladi | yyang candra umijil | ping astha sumunu ||
10. asri kawuryan rêsmining langit | kang tranggana abyor | lir panjrahing puspita wudhare | saking gêgêlung rara rinêmih | gya lumampah ririh | ranguning tyas ngadhuh ||
11. rinaras ing tyas nityasa tistis | nir tonton tan tumon | Risang Parta trênyuh tan wrin ing rèh | karănta-rănta rêntêngirèki | putêk manaputi | murcita sang gandrung ||
12. mêtêk jaja ambêkuh manangis | ketang ingkang layon | ngêndi baya babo panukmane | kaluluting yayi Banuwati | sikara andadi | ugungan amuput ||
13. dhuh wulatên dasih ta kaswasih | sasaran wirangrong | tanpa [ta...]
--- 1 : 69 ---
[...npa] rowang angruruh dhèwèke | tanpanon rat netrèngsun kêkalih | sruning gêng wiyadi | katanggulang ing luh ||
14. dhuh yyang-yyanging akasa wiyati | parêgêna ingong | iya ngêndi baya panggonane | kang dinunung ing kalulut mami | dhuh hyang suranadi | tulungên katèngsun ||
15. dene padha nangsaya mring mami | babêndu maring ngong | kaya wus tan ana jagad kiye | isèn-isèn kang padha ingambil | kang kungkulan dening | wiyati supênuh ||
16. têka amung pinilih sawiji | kaya ta kurang wong | lah pulungên wasisan sun kiye | aywa anggung andêdawa sêdhih | wus tan ana ugi | kang wêlas maring sun ||
17. lah ta jawataning kang wanadri | asiha maring ngong | sampurnanên laraningsun kiye | parêkêna ênggone tumuli | swamèngsun kang lalis | pinulung dewa gung ||
18. saya kalunta dènnya lumaris | wau sang wiranom [wirano...]
--- 1 : 70 ---
[...m] | kasangsaya kadurus larane | ing samarga-marganing wanadri | nityasèng panangis | dahat kawlasayun ||
19. diwasaning ratri gantya enjing | hyang arka sumorot | amrabani ing wana sunare | layoning sêkar anjrah nèng siti | kadya sung wêwangi | mring kang kasmala kung ||
20. sêkar pudhak aparêk srigadhing | dhêkêt lan argulo | yom ngayêmi wora-wari cènggèr | sêkar sikatan sumêkêt witing | witing widasari | re wana lung gadhung ||
21. sêkar dangan mulêt anèng ing wit | tulup pan ngalap gon | gêgancetan babondhèt prabusèt | gogrok katêmpuh ing maruta ris | angrês sang kaswasih | mulat ing sarwa rum ||
22. sining wana kang kamargan dening | risang prawira nom | kadya sumungsung nambrama kabèh | sari-sari sumawur
--- 1 : 71 ---
ing margi | amrih dèn alapi | mring sang lumintu kung ||
23. ya ta wau kang agung wiyadi | anon puspita byor | wungu malih sakala ngênglênge | karêrantan rêntênging tyas tistis | mung ngèsthi ing pati | samarga agandrung ||
24. ana manyura parêk ing margi | lir nayut wirangrong | pan mangkana manyura esthane | tanpa gawe solahirèng margi | balia dèn aglis | radèn aywa banjur ||
25. tanpa wêkas anggagas wiyadi | wus jamak mangkono | amung dipun ngangge ing tyas sarèh | dèn patitis tinata ing budi | ngêndi ana janmi | mati bisa wangsul ||
26. babo tuwan kawawas ing sêdhih | tan bisa patêmon | mêrak lajêng sumêbut ibure | wontên kidang parêk lir papeling | emuta dèn aglis | yèn satriya punjul
--- 1 : 72-73[11] ---
--- 1 : 74 ---
8. Kinanthi
1. [...] | [...] | [...] | [...] | dasih ta datanpanon rat | kalaban waspa drês mijil ||
2. marawayan wêtuning luh | sapa kang asihèng dasih | aywanggung nangsaya dahat | datan kawawa nahêni | saking sruning laraningwang | lir murcatma sabên ari ||
3. sruning kataman lara kung | mung sira paraning kapti | apan lêlangêning wana | miwah karêsmining tasik | kumaraning kang bawana | măngsa tuka ngusadani ||
4. kabèh akarya wulangun | lêlangêning kang kaèksi | kang sarwa gănda sun gănda | katular ing ăngga mami | malah gêng mêmala dahat | wèh ardaning wardaya di ||
5. dhuh sang murtining rum-arum | paran solahta maskwari | apisah lan dasihira | sapa umatur ing gusti | yèn lêlangên mring sawarga | apa tan atilar yayi ||
6. sampun têbih lampahipun | Sang Parta samargi-margi | nityasa [nitya...]
--- 1 : 75 ---
[...sa] kadya nangsaya | sagon-gon agung aguling | wungu mangu têbah jaja | ajuwêt ingkang panggalih ||
7. rangu-rangu kapirangu | solahe Radèn Prêmadi | diwasaning diwangkara | tan darana manjing wukir | sigra tumênga ing wiyat | katon gumanti ing ratri ||
8. kapyarsa swaraning dalu | kalong kêkalangan amrih | mêmangsan saananira | sining wana wanu wuni | wanèh kakalpu lan bêndha | kadhang karandhang kêrandhing ||
9. cacodhot dhadhu woh dhuku | dhuwêt tangkil lan kusambi | kêdhondhong kapundhung jirak | jambu sêmăngka lan manggis | gawon wungon parijatha | dhêkêt cêlakêt kadhasil ||
10. kèh warna pala gumantung | angrês dènira miyarsi | kalong ulêngan don [do...]
--- 1 : 76 ---
[...n] wohan | wurahan awira-wiri | unine kadya sêsambat | ing rara pinrêping ati ||
11. kèh warna pala gumantung | ngêdhanu jroning wanadri | ingalap kalong lêlangan | ing woh ana pilih-pilih | turuning cangak ngadhangan | yayah nugatèng lumaris ||
12. obahe kang kayu-kayu | lir gêtêring ăngga kungkih | ron aking akapa wanan | kumrusuk lir sahing tapih | piniluta ing asmara | mèh panduk ingkang mangungkih ||
13. sakala arda wulangun | nênggih Risang Pandhusiwi | winantu turidasmara | samarga-marga malatsih | tan ana ingkang kadriya | amung Wara Banuwati ||
14. dhuh yyang-yyanging kang malat rum | iki akarsa kaèksi | kaarsan samya wowohan | swaranya anggarit ati |
--- 1 : 77 ---
wèh onêng-onênging driya | yayah angudayèng galih ||
15. kaniaya sira masku | pagene tanpa pawarti | lêlangên ing Endraloka | paran sumusul ing gusti | saking sruning sandeyèng tyas | apa tan asih mring mami ||
16. antara diwasèng dalu | bang-bang wetan tinon asri | praptaning lêlangên wana | kukila barêngan muni | lir mangenggar-enggar driya | risang kandhuhan wiyadi ||
17. sata wana sru kaluruk | manyura manawung muni | wèh uninganing raina | marang mawuring kang sari | sêdhêng gandanya mrik ngambar | kentar ing maruta riris ||
18. pan truhning puspita tanjung | tri kandhu jaga kasturi | mênur malathi sridênta | angsoka kalak kumuning | kênanga purbanagara | sumarsana lan saruni ||
--- 1 : 78 ---
19. gambir-gambira rum-arum | rumambat ing nagasari | rêjasa sana sêmboja | argulo lan kacêpiring | prabusèt malathi dênta | taluki lir pacar warih ||
20. tumruntun puspitèng ranu | talutur kumuda asri | tuntung trate kanigara | karagan-ragan nèng warih | wewehane wèh wiyoga | ring risang kataman agring ||
21. samana kang among gandrung | mulat wigaring kang sari | sarira kamèt wigaran | sruning onêng mring kang rayi | putri adi ing Mandraka | sorine Sri Kurupati ||
22. mangu têmah gandrung-gandrung | kadurus raosing galih | sira Sang Pandhutênaya | lamine anèng wanadri | sarira sawang kunarpa | jwalita sadaya salin ||
23. kentar lali tan ing sêmu | sruning kabyatan wiyadi | miwah tanpa dhahar nendra |
--- 1 : 79 ---
kang kaarsa amung pati | wimarita tanpantara | lir murcatma sabên ari ||
24. tan antara wijilipun | raditya mardipèng bumi | anon ingkang paksi dhandhang | angadhang nèng tiris gadhing | swarane kawêlasarsa | kapyarsa ring sang magêng gring ||
25. kadya belani lara kung | dènnya tan kandhêg lumaris | sandeyèng kadudonira | yayah andudut tyas sêdhih | kadhasih ngêsah kaswara | dènnya non kang brăngta kingkin ||
26. ngênglênging tyas kang wulangun | lalu laranirèng margi | tan tolèh kawibawanya | mung ketang tinilar ing sih | karsaning wardayanira | amung ngayam-ayam pati ||
27. tan kandhêg ing lampahipun | anênggih Sang Pandhusiwi | mulat manyura mong raras | karasikan lan kang èstri | ngigêl [ngigê...]
--- 1 : 80 ---
[...l] ngisoring tilarsa | kaarsa mring sang lumaris ||
28. anglês tyasira andulu | emut onêngirèng galih | wungu wiyoganya dahat | sanityasa sambat mati | dhuh paran wusananira | laraningsun tan sinipi ||
29. cacat kang pêksi kêkuncung | datan kasangsayèng krami | kenging asmara widada | pan baya ta awak mami | sinartu tan sita-sita | wus pinasthi mati gêring ||
30. sarwi lumampah agandrung | Sang Parta samargi-margi | kambah wimbuhing wardaya | mangu mangunêng ing galih | lah yayi putri Mandraka | apa karananing gusti ||
31. dêdukèng dasih kalangkung | pagene tilar mring laki | aksamanên ta kawula | kongkalan anèng wanadri | tansah angruruh mring sira | tanpa dhahar miwah guling ||
32. kalalu alara [ala...]
--- 1 : 81 ---
[...ra] ing kung | mung sira gusti kaèsthi | tumaduk padoning netra | gumantung tungtunging ati | kabèh lêlangêning wana | tan dadya tămba wiyadi ||
33. dhuh yayi asiha mring sun | aywa nangsaya tan sipi | payo lêlangên nèng wana | ingkang kathah sarwa sari | ana ron pakis unusan | mimba sêsinomirèki ||
9. Sinom
1. duk samana Sang Arjuna | sangsayardayaning galih | dènira emut mring garwa | rêtnaning rat Banuwati | lena cinidrèng maling | milalu lara malat kung | tan wrin purwa duksina | putêking tyas manaputi | anglêgèyèh anèng ngisoring angsana ||
2. sumilir maruta gănda | tumanduk mawa gănda mrik | sumawur sarining sêkar | angsana nambramèng wingit [wi...]
--- 1 : 82 ---
[...ngit] | dènnyanggung brăngta kingkin | kagyat wungu sang wulangun | krêbêting lar manyura | sarwi manampar ing sari | nyananira sinjanging dyah rinatusan ||
3. julalatan Sang Arjuna | dhuh ariku Banuwati | tuhu asih mring pun kakang | paran karsanira yayi | sumusul ing wanadri | kasusul ing lampah ingsun | karubyuking kang sinjang | rinatusan gandanya mrik | aksamanên dasihe aniwèng raras ||
4. sarwi nolih ngering nganan | dangu tan ana kaèksi | ngênglêng Sang Parta alênggah | ngêningkên karsaning galih | tan dangu asêmèdi | jroning gandrung kapirangu | sawusnya amêmuja | lajêng tumindak aririh | kang kaarsa mung ngayam-ayam palastra ||
5. duk ing nguni sedanira |
--- 1 : 83 ---
Kusuma Wara Srikandhi | kalakung rudahing driya | lajêng dènnya animbali | garwa kang anèng wukir | Rêtna Palupi puniku | gya budhal saking arga | duk maksihe anèng margi | lawan putra seda minangsèng rasêksa ||
6. sayarda sungkawanira | dupi sampurnaning jurit | pramèswari ing Ngastina | Kusumèngrat Banuwati | kagarwa Sang Prêmadi | wontên rêrême tyasipun | dene Sang Banuwatya | amirib Wara Srikandhi | tan alami Rêtna Banuwati seda ||
7. cinidra ing duratmaka | mila sangsaya gêng wingit | wau ta Sang Dananjaya | kuliling marang ing bèji | karsa ngarêm-arêmi | ing tyasira kang wulangun | nulya mriksani toya | umbulira ponang warih | obah
--- 1 : 84 ---
ingkang tarate kambah ing tirta ||
8. dhuh yayi Putri Mandraka | iki tarate bang gusti | nyata karêmênanira | Sang Parta kèndêl anangis | ngênglênging tyas jinalit[12] | ngrêrintih sêsambat ngadhuh | dhuh babo ariningwang | dulunên panangis mami | anèng wana angruruh panuksmanira ||
9. anggèr wêlasa pun kakang | kongkalan anèng wanadri | tanpa rowang kawlasarsa | mung yayi paraning kapti | woding tyas ingsun gusti | tan lyan myang sira mas ingsun | lamun tan mêlasana | dasih andika mas gusti | anêmahi kasmala ngulati sira ||
10. sruning ngarang karungrungan | anggung kadhudhah ing sêdhih | amung ngangên-angên sira | paran wusanane gusti | yèn age tan paring sih | ngusadani [ngusa...]
--- 1 : 85 ---
[...dani] kapirangu | dasih andika dewa | tan wande nêmahi pati | saking sruning bunêk manah tan kawawa ||
11. waspèngsun drês marawayan | sapa kang asih mring mami | wusnya angucap mangkana | Sang Parta bêkuh anangis | nir kasatriyannèki | mung ketang kalulutipun | puwara driyanira | kongsi lami nèng wanadri | tan aketang pringganing samarga-marga ||
12. tajin dhahar lawan nendra | Sang Parta karsanirèki | mung ngayam-ayam palastra | mangkana sang kataman gring | dangu udrasanèki | sakèh isining wana gung | kadya bela sungkawa | dhêdhêp datan ana musik | saking sruning awlas maring sang wigêna ||
13. kunêng kang manggung wigêna | anèng sajroning wanadri | dahat dènnya kawlasarsa [kawlasar...]
--- 1 : 86 ---
[...sa] | Bathara Krêsna winarni | dènira angulati | murcane arinirèku | satriya Madukara | wus lami datan pinanggih | singkêling tyas wau Sri Bathara Krêsna ||
14. mangkana osiking driya | Sang Aprabu Harimurti | kadingarèn têmên ingwang | cabar tanpa daya mami | dene tanpantuk warti | maring ngêndi ariningsun | dhuh dewa dhuh bathara | tulunga dasih kaswasih | aywa manggung kasangsaya anèng wana ||
15. lalu ngênglênging wardaya | dènira gung angulati | ing ênggèning Dananjaya | samana Sri Harimurti | waspanira drês mijil | saking sru putêking kalbu | ya ta ing praptanira | parmaning dewa linuwih | ana swara amor ing maruta gănda ||
16. sumilir ing ngarsanira | Sri Bathara Dwarawati | rum-arum maruta mănda | mangkana linging kang wangsit |
--- 1 : 87 ---
hèh hèh Sang Wisnumurti | pagene têka kalimput | ênggone arinira | măngsa kilapana ugi | ulatana jroning alas Tikbrasara ||
17. iku kaliwat bêbaya | larane arinirèki | marma kaki dipun inggal | aywa suwe anèng ngriki | amung dèn ngati-ati | lah ta wus mangkata gupuh | ya ta Bathara Krêsna | wau ta duk amiyarsi | sukèng driya laju dènira lumampah ||
18. ing marga datan winarna | lampahira sampun prapti | jroning wana Tikbrasara | kagyat dènira ningali | solahe ingkang rayi | arusak sariranipun | alon dènnya sabawa | Sri Bathara Dwarawati | dhèhèm-dhèhèm marêpêki mring Sang Parta ||
19. kagyat kang rayi tumingal | waspada
--- 1 : 88 ---
dènnya ningali | ing praptanira kang raka | Sinuhun ing Dwarawati | agupuh malajêngi | prapta anungkêmi suku | sarya sru karunanya | kang raka putêk ing galih | dyan rinangkul lungayaning arinira ||
20. sarya lon ngandikanira | dhuh pagene ari mami | gingsir rêncananing dewa | kaya ta boya linuwih | jamak anganggo ririh | aywa kadarpaning kayun | ilang jênênging Parta | nanging ya bênêr sirèki | sapa bisa yayi katêkan sungkawa ||
21. pira ardaning wardaya | kalamun maksih kaèksi | sira kapugutan trisna | yèn lalia sira yayi | yêkti milu ngêmasi | saking kadarsaning wuyung | amung ta dèn waspada | sirèku satriya lêwih | aja pijêr kaluluh laraning driya [dri...]
--- 1 : 89 ---
[...ya] ||
22. kakangira yayi nata | kaliwat anahên wingit | miwah kadang-kadangira | sira karya walangati | duk lunganira nguni | nagara gung ura-uru | angruruh marang sira | malah kongsi ing samangkin | luwih tikbra brangtane wong sanagara ||
23. wus lêjarna brangtanira | aywa gung anèng wanadri | yèn sira susah ing garwa | patine Si Banuwati | pun kakang kang nglironi | wanodya ayu pinunjul | nanging ta piyarsakna | sun iki arsa wêwarti | kang akarya darunaning brangtanira ||
24. tan lyan saking garwanira | kang karya kingkinirèki | renane Si Aswatama | iya Si Wilutamèki | sutane dèn turuni | lah ta iku kang pituduh | sabarang rèh kacidran | ya ta wau duk [du...]
--- 1 : 90 ---
[...k] miyarsi | Sang Arjuna wungu tyase ambaranang ||
25. nir duhkitaning wardaya | saksana matur wotsari | mring raka Bathara Krêsna | sarwi prasêtya ing galih | dhuh kaka jêng dewaji | kasaksènana pukulun | garwèngong waranggana | sadaya ulun nêdhani | sampun kongsi parêk kalawan kawula ||
26. mantuna kagarwèng amba | Bathara Krêsna lingnya ris | iya yayi sakarsanta | ingsun ingkang ngudanèni | prasêtyanira yayi | muga tulusa ing kalbu | ya ta ana pratăndha | swaraning kang bumi langit | tri gumuruh jumêgur kang păncawora ||
27. miwah swaraning kang arga | gêtêr-patêr anggêtêri | kadya milu ngèstrènana | sêtyane Radèn Prêmadi | ya ta ngandika malih | Sang Parta mring garwanipun | kang anèng sariranya | sadaya
--- 1 : 91 ---
kang widadari | ingkang sami dumunung ăngga Sang Parta ||
28. ingkang anèng ing bun-bunan | Rêtna Dèwi Rarasati | Kilatmaya netra kanan | Kilatswara netra kering | Siratmara Sang Dèwi | kuping têngên dunungipun | Wiratmara kang kiwa | dene Dèwi Găndawati | adêdunung ing grana leng-lengan kanan ||
29. Rêtna Dèwi Găndarasa | dumunung grana kang kering | ing tutuk Dyah Talibrăngta | Talirasa sang lir Ratih | ing lidhah kang dèn goni | Drêsanala Sang Dyah Ayu | punika anèng manah | jêjantung Dyah Rêksawati | ingkang anèng pusêr Rêtna Dumyapatya ||
30. kang anèng purus Sang Parta | Kêncanararas Sang Dèwi | samya rumêksèng sarira | Sang Rêtna Kêncanawati | punika kang dèn goni | rumêksa [rumê...]
--- 1 : 92 ---
[...ksa] sajroning dubur | dene kabèh punika | sagung ingkang widadari | samya karèh dening Dèwi Drêsanala ||
31. kang măngka pramukyanira | lawan Dèwi Drêsawati | anênggih kang dadi tuwa | angrèh ingkang widadari | mangkana dènira ngling | Sang Parta mring garwanipun | lah yayi Drêsanala | lawan sagung widadari | padha sira mijila sing garbaningwang ||
32. ingsun wus lumuh mring sira | myang sakadangira sami | muliha maring kahyangan | dening sagung widadari | ya kabèh sun lumuhi | tan sira dhewe mas ingsun | mangkana sang lir rêtna | kumêpyur duk amiyarsi | rawat waspa sarêng alon wuwusira ||
33. dhuh pukulun paran karsa | sabda paduka mrih kingkin | migêna wong tanpa dosa | paran darunaning
--- 1 : 93 ---
runtik | têka lumuh kapati | mring dasih kang kawlasayun | nadyan kang waranggana | sadaya dosa ing gusti | pan kawula tan milu druhakèng tuwan ||
34. dhuh pangeran yèn paduka | tan arsa angaksamani | dhumatêng pra waranggana | kang wontên sarira sami | suka banjura lalis | sampun andêdawa wuyung | amba tan darbe gêsang | mung paduka guru mami | wus sun têmah tan mulat ing surya candra ||
35. anèng ăngga salaminya | saking pêpakoning gusti | dhuh pangeran lakiningwang | tan wruh margane asisip | katuwone wak mami | dhuh pangeran lakiningsun | kawula tan druhaka | amung lumampah satuding | Sri Bathara Krêsna angrês duk tumingal ||
36. Sang Parta malih ngandika | witning sira angakêni | gurunadi marang ingwang | yêkti kudu anglakoni | anut sarèhing laki
--- 1 : 94 ---
iku wanodya pinunjul | tuhu kalêngkaningrat | kasup kaonang ing bumi | jatmika di susila marang ing priya ||
37. lah ta yayi wus dèn inggal | aywa kèh kang sira pikir | sun lagya lumuh kalintang | mring sagung kang widadari | lah muliha dèn aglis | marang kahyanganirèku | mangkana sang lir rêtna | putêk tyas lajêng anangis | alon mijil sarowang saking sarira ||
38. praptaning jawi sang rêtna | samya amular tan sipi | luhira drês marawayan | lajêng sami angabêkti | ing pada kawlasasih | ngrêrêpa ing aturipun | dhuh babo batharèngwang | kang pinasthi gurunadi | sampun kirang aksamanta maring amba ||
39. Sang Parta alon ngandika | aywa sandeya ing galih | tan kurang aksamaningwang | mring sira ing lair batin | amung
--- 1 : 95 ---
yayi samangkin | kabèh manjing sudarèngsun | mangkana sang lir rêtna | sadaya mit mangênjali | wus ngambara sagunging kang waranggana ||
40. angrês sang kalih tumingal | murcane kang widadari | ya ta Sri Bathara Krêsna | alon ngandikanirèki | hèh Parta ari mami | ingsun ingkang paring liru | patine garwanira | Banuwati lan Srikandhi | miwah kabèh muksane kang waranggana ||
41. ingsun darbe pawong mitra | narendra ing Sriwêdari | nama Sri Arjunapatya | yèku krama putri luwih | punjul samaning putri | jatmika susilèng kakung | putri ing Parangguwa | nama Dèwi Citrahoyi | ing samêngko durung kêna cinangkraman ||
42. arsane sang lir kusuma | yèn antuk Radèn Prêmadi | prasêtya akarsa krama [kra...]
--- 1 : 96 ---
[...ma] | iya maring sira yayi | iya jênêngirèki | yayi ing mêngko kaliru | antuk Arjunapatya | mila tan carêm sang putri | pangrasane dinalih Arjuna sira ||
43. dene ta padha Arjuna | tan wruh yèn Arjunapati | tur iku ratu prakoswa | widigdaya ing ajurit | anom dhasare pêkik | nanging karsane sang ayu | yèn dudu jênêng para | sang dyah suka praptèng pati | ing samêngko misih nityasèng pamular ||
44. kang sinambat amung sira | mila Sri Arjunapati | tyase uyang mawuyungan | lali pruwita ing mami | tur yayi iku dhingin | wus manjing sudara tuhu | lawan jênêng manira | ing mêngko lagya wiyadi | tan kawawa mulat manise kang garwa ||
1 | Tanggal: paksa gunaning nata (732 taun surya). Biasanya kata "nata" berwatak bilangan satu (1) mis. ratu, atau lima (5) mis. tata. (kembali) Tanggal: paksa gunaning nata (732 taun surya). Biasanya kata "nata" berwatak bilangan satu (1) mis. ratu, atau lima (5) mis. tata. |
2 | Tanggal: tata gatining pandhita (755 taun căndra). (kembali) Tanggal: tata gatining pandhita (755 taun căndra). |
3 | Kurang satu suku kata: nanging sinandi yêktine (kembali) Kurang satu suku kata: nanging sinandi yêktine |
4 | gêtêr-patêr (kembali) gêtêr-patêr |
5 | Tanggal: katri gunaning sang wiku (733 taun surya). (kembali) Tanggal: katri gunaning sang wiku (733 taun surya). |
6 | Tanggal: obah kartining prabata (746 taun căndra). Semestinya taun căndra 756 berdasarkan taun surya 733 sebelumnya. (kembali) Tanggal: obah kartining prabata (746 taun căndra). Semestinya taun căndra 756 berdasarkan taun surya 733 sebelumnya. |
7 | marêk (kembali) marêk |
8 | Naskah tidak terbaca. (kembali) Naskah tidak terbaca. |
9 | pijêr (kembali) pijêr |
10 | raditya (kembali) raditya |
11 | Halaman 72-73 rusak. (kembali) Halaman 72-73 rusak. |
12 | jinait (kembali) jinait |