Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 10–19)

Judul
Sambungan
1. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 20–29). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 30–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 40–49). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 05-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

10. Dhandhanggula

1. iku yayi

--- 1 : 97 ---

yèn sambadèng galih | payo maring Sriwêdari praja | sun pundhute dayintane | benjang sun paring liru | marang Prabu Arjunapati | nadyan minta wranggana | sun sungi ing besuk | mangkana wau Sang Parta | duk miyarsa andikaning raka aji | lêjar lajêng tur sêmbah ||

2. dhuh pukulun kalangkung prayogi | karsa tuwan mugi tumuntêna | manawi sêlak katrinèn | ngêntosi punapèku | lah suwawi nuntên lumaris | mèsêm Bathara Krêsna | ta basakna iku | têka banjur daya-daya | tan winarna lajêng lumampah sang kalih | manapak jumantara ||

3. kunêng ingkang lumakyèng wiyati | gantya malih ingkang kawuwusa | nagri Sriwêdari mangke | lagya onêng mangungkung | karungrungan [karungrung...]

--- 1 : 98 ---

[...an] ngarang tan sipi | brăngta mring garwanira | de lumuh kalangkung | yèn kalamun pinarpêkan | maring raka Sang Prabu Arjunapati | suka praptèng antaka ||

4. pêparabe Dèwi Citrahoyi | putri saking nagri Parangguwa | Prabu Citranggana rane | duk kramanya sang ayu | patêmbayan rinêbut jurit | nguni kang mungkasana | Sriwêdari Prabu | mila ing mangke kagarwa | Sriwêdari Sang Prabu Arjunapati | nanging sang lir kusuma ||

5. sêtyanira sadèrènge krami | purun krama yèn antuk Arjuna | Sri Pandhawa panêngahe | mangke wusananipun | antuk Prabu Arjunapati | mila sang dyah tan rêna | alumuh kalangkung | sang rêtna gung pamularnya | siyang ratri ingkang pinasthi ing galih [ga...]

--- 1 : 99 ---

[...lih] | amung Sang Dananjaya ||

6. ingiringkên kadange satunggil | jalu aran Radèn Citrahoya | ananging sêpuh rahadèn | samana sakalangkung | dènnya ngimur marang kang rayi | siyang dalu tan pêgat | ing pangimuripun | aja akarsa mangkana | nanging sang dyah tan kandhêg karsaning galih | ngugêmi sêtyanira ||

7. sruning brăngta mring Radèn Prêmadi | karsaning tyas lamun tan kapanggya | lan Sang Parta ing têmahe | suka anganyut tuwuh | yèn kongsia sawarsa malih | baya tan tulus gêsang | mangkana anuju | pinarpêkan maring raka | Sri Arjunapati sangêt ngasih-asih | ngrêrêpa mriyêmbada ||

8. sarwi mêmanuhara mêmanis | dhuh dayintaningsun ywa mangkana | ing dasih sangêt [sa...]

--- 1 : 100 ---

[...ngêt] atise | paran wêkasaning kung | kongsi tajin dhahar myang guling | mung sira paraning tyas | dhuh anggèr mas ingsun | yèn awèta mangkenea | nora wurung kadurus rasaning ati | yêkti nuli palastra ||

9. wêlasana dasih kawlasasih | susah kasmaran ing manisira | dhuh mirah pujanku dhewe | aywanggung wèh wulangun | milangêni manis ta gusti | tumanêm ing wardaya | gumantung jêjantung | tungtunging tyas amung sira | kang kaarsa ing siyang pantara ratri | pan anggung kasatmata ||

10. wimbaning wulan mung sira gusti | mêmanise trênggana kumênyar | tan roro mung sira dhewe | intên widuri trênyuh | kaesisan sunaring langit | mawi lêt lêng-ulêngan | wèh

--- 1 : 101 ---

ngumangu-mangu | dhuh payo yayi dèn inggal | kakangira gunturên ulat lan liring | ing mangke pêpajangan ||

11. sangsayarda mêmanis sang aji | dènira mrih lêjare kang garwa | rinêmih-rêmih garwane | noraga gandrung-gandrung | angrakêti lungguhe sori | dhuh nimas pêparinga | usadaning wuyung | mangkana sang lir kusuma | nyat jumênêng angalih dènira linggih | rêngu panduking nitya ||

12. dadya bêngis dènira mangsuli | hèh Arjunapati aja sigra | kumudu-kudu anggêpe | sun iki datan ayun | marang sira sri narapati | nguni sun wus prasêtya | sinêksèn dewa gung | arsa krama raganingwang | lamun antuk Arjuna Radèn Prêmadi | panêngahing Pandhawa ||

--- 1 : 102 ---

13. lah ta uwis balia sang aji | ywa kadarpèng tyasira ru-ara | tuwas-tuwasira kiye | ya ta wau sang prabu | duk miyarsa wuwusing sori | dahat rujitèng driya | amerang kalangkung | sigra mêdal sri narendra | praptèng jawi nimbali arinirèki | nênggih Radèn Suwănda ||

14. praptèng ngarsanira awotsari | angandika Sri Arjunapatya | pawarta maring arine | paran karsanirèku | ing lumuhe dayinta yayi | tan kêna pinarpêkan | arsa nganyut tuwuh | yayi lamun karsaningwang | sun ulihkên marang ing prajanirèki | manawa sêlak pêjah ||

15. alon matur Suwănda wotsari | dhuh pukulun kakang sri narendra | sampun ing tyas tanpa sarèh | têmah nistha kalangkung | yèn puniku kangbok sang dèwi | kongsia [kong...]

--- 1 : 103 ---

[...sia] dèn antukna | saru têmahipun | sayêkti kenging pocapan | inggih wirang ambêbarang tan wruh ngisin | tinampik ing wanodya ||

16. lamun dados karsa sri bupati | kakang prabu kèndêlna kewala | angantia salintire | inggih manawi emut | lami-lami maring ing laki | sêdhêng praptèng antara | pan wajib pukulun | mênêdi karsaning garwa | nadyan inggih dèrènga kongsi sarêsmi | jêr sampun nami garwa ||

17. kunêng ingkang lagya gunêm kawis | pan kasaru rawuhe Sri Krêsna | dumrojog wau praptane | manjing pasowan agung | Sang Aprabu Arjunapati | nuju lênggah sewaka | sawadya supênuh | kagyat Sri Arjunapatya | gurawalan gupuh dènira nêdhaki |

--- 1 : 104 ---

tundhuk angaras pada ||

18. ingancaran manjing păncaniti | ingaturan lênggah ing dhêdhampar | datan lênggana kalihe | sawusnya sami lungguh | Sri Arjunapati lingnya ris | kamayangan kawula | tamuan pukulun | paran ing karsa paduka | anêdhaki dene tan amawi dasih | angling Bathara Krêsna ||

19. hèh ta yayi Prabu Sriwêdari | marma ingsun prapta tanpa wadya | sruning onêng ingsun bae | marang jênêngirèku | saking lami nora pinanggih | ingsun kang ngalahana | prapta ing prajèku | lawan yayi sun têtanya | paran marma sira tan mêtoni jurit | duk aprang bratayuda ||

20. ingsun dahat ngarsa-arsa yayi | Sri Arjunapati atur sêmbah | pukulun mila abdine [a...]

--- 1 : 105 ---

[...bdine] | datan mêdali pupuh | inggih nagri ing Sriwadari | amanggih prang priyăngga | wus katur sadarum | purwa ing wusananira | kongsi praptèng palakramane sang aji | sampun katur sadaya ||

21. Sri Bathara Krêsna duk miyarsi | myang Sang Parta sami ngungunira | Sri Krêsna alon sabdane | datan nyana katèngsun | yèn mangkana susahirèki | sokur padha waluya | kang liningan nuhun | Sri Krêsna malih ngandika | prajanira ing mêngko yayi sun êlih | nagri Batukawarsa ||

22. tur sandika Sri Arjunapati | wus misuwur marang wong sapraja | lamun Sriwêdari mangke | ingêlih namanipun | nênggih nagri Batukawarsi | ya ta Sri Nata Krêsna | malih ngandika rum |

--- 1 : 106 ---

hèh yayi Arjunapatya | kapindhone praptaningsun Sriwêdari | sun arsa ambêbana ||

23. kadang ingsun iki nandhang kingkin | kapugutan sih kapatèn garwa | Si Arjuna kêkasihe | yèn lêga tyasirèku | garwanira sun pundhut yayi | sun paringkên riningwang | Si Prêmadi iku | dèn lêga wardayanira | parandene dayinta iku ta yayi | tan carêm lawan sira ||

24. benjang ingsun ingkang anglironi | nadyan sira minta waranggana | ing suranadi sakèhe | sayêkti ingsun angsung | apadene putrining aji | ngêndi dadi karsanta | ywa sandeyèng kalbu | sun priyăngga kang mundhuta | kagarwaa marang sira yayi aji | nadyan praptèng ayuda ||

25. ingsun yayi tan mingkar ing jurit | pinanggiha maring sun priyăngga |

--- 1 : 107 ---

lamun tan angsung putrine | yêkti bratha dening sun | ya ta Prabu Arjunapati | ngênglêng tyas duk miyarsa | ing andikanipun | Bathara Krêsna mangkana | wimbuhing tyas lamun amopoa ajrih | sikuning gurunira ||

26. tinuruta akarya wiyadi | dangu-dangu Sri Arjunapatya | pinupus ing pêpasthène | dhasar ambêk pinunjul | angumala tyas santa budi | budiman sru gunawan | wiwekane putus | titi tètèh tan sangsara | wus kasusra Sang Prabu Arjunapati | alon ing aturira ||

27. dhuh pukulun sang sri narapati | sakalangkung sukaning wardaya | sumăngga manawi kangge | pintên-pintên pukulun | kinarsakna dhatêng ing gusti | prasasat kanugrahan | jawata kang agung | dhatêng pun Arjunapatya [Ar...]

--- 1 : 108 ---

[...junapatya] | botên langkung gusti kawula ing mangkin | sumăngga karsa tuwan ||

28. Sri Bathara Krêsna ngandika ris | iya yayi bangêt sun tarima | yèn wus sira lêgakake | agung wêwalês ingsun | iya marang ing sira benjing | mangkana Risang Parta | dahat sukèng kalbu | kadya age uningaa | ing warnane Kusumèng Dyah Citrahoyi | Sri Krêsna malih nabda ||

29. hèh ta yayi Prabu Sriwêdari | sayogyane ingsun wuningakna | garwanira ing warnane | Arjunapati matur | dhuh pukulun suwawi gusti | tuwan manjing jro pura | lawan sang abagus | dyan lumampah Prabu Krêsna | lan kang rayi katiga Arjunapati | praptaning dhatulaya ||

30. wontên cèthi gupuh tur udani | maring

--- 1 : 109 ---

gustinira sang lir rêtna | dhuh gustiningsun nah anggèr | raka paduka rawuh | sarwi ngiring têtiyang pêkik | warti saking Ngastina | kêkalih binagus | kentaring catur punika | kang satunggil anama Radèn Prêmadi | lawan Bathara Krêsna ||

31. karsa uning ing paduka gusti | ya ta wau sang dyah duk miyarsa | lajêng kèndêl panangise | ngadi-adi sang ayu | solahira nganyar-anyari | mangkana praptanira | kang raka sang prabu | angirit Bathara Krêsna | lan kang rayi anênggih Radèn Prêmadi | lajêng sami alênggah ||

32. Sri Arjunapati lingira ris | dhuh pukulun sampun kauningan | inggih punika warnane | semah amba pukulun | pintên banggi kanggea ngabdi | dhatêng rayi Sang Parta | Sri Krêsna lingnya [ling...]

--- 1 : 110 ---

[...nya] rum | anolih mring arinira | lah kya ipe paran karsanira yayi | Sang Parta matur nêmbah ||

33. kadi botên nguciwani malih | sampun susah tinantun kawula | wangsul sang rêtna galihe | manawi botên sarju | mèsêm angling sri bathara ji | kaya tan mindho karya | yèn mungguh sang ayu | mangkana sang lir kusuma | sadangunya miyarsa dènnya samya ngling | grahita jroning driya ||

34. sang rêtna yu jro maksih kênya di | dadya sinandi meranging driya | rêngu lajêng kesah age | wau ta ingkang kantun | mangu mulat Radèn Prêmadi | kesahe sang lir rêtna | mèh kêdhik tumuntur | emut anyayuti draya[1] | wus mangkana wau ta wong agung katri | lajêng miyos sineba ||

35. wangsul malih palênggahannèki | samya gusthi dadining ubaya [uba...]

--- 1 : 111 ---

[...ya] | Nata Krêsna lon sabdane | hèh babo yayi prabu | Sriwadari paran kang pasthi | mungguh dayintanira | ing panggawanipun | Arjunapati turira | dhuh pukulun manawi parêng ing galih | inggih benjang kewala ||

36. kawula pribadi ingkang ngiring | sowan dhatêng nagari Ngastina | sampun sandeya ing têmbe | pêngkêr tuwan pukulun | kados nuntên nungka ing wuri | dhuh gusti dèn pracaya | sampun wancak kalbu | kadi tan purun mingkara | abdi tuwan inggih pun Arjunapati | amung ngèstokkên têdah ||

37. Sri Bathara Krêsna ngandika ris | iya yayi ingsun wus pracaya | marang sira salamine | kaya-kaya riningsun | nora nêdya sira ngingkêti | amung sapungkur ingwang | tumulia [tu...]

--- 1 : 112 ---

[...mulia] nusul | ywa karya pangarsa-arsa | Sri Arjunapati sandika turnèki | Sri Krêsna malih nabda ||

38. yèn mangkana ingsun amit mulih | mring Ngastina kariya wibawa | kang liningan lon ature | dhuh pukulun sang prabu | dèrèng marêm raosing galih | Sri Krêsna angandika | hèh ta yayi prabu | wus bangêt tarimaningwang | kaya nora lami pan kapanggih malih | ing benjang nèng Ngastina ||

39. Sri Arjunapati matur aris | yèn makatên karsa padukendra | amung kalilana dhèrèk | abdi tuwan sadarum | wadyabala ing Sriwêdari | ngandika Prabu Krêsna | tan susah riningsun | mundhak angakèhkên karya | lawan ewuh lamun dèn iringna dasih | sun mêtu ing awiyat ||

--- 1 : 113 ---

40. wus mangkana wong agung kêkalih | lajêng mêsat anapak gêgana | datan kawarna lampahe | Ngastina sampun rawuh | nulya sami manjing jro puri | marêk Sri Yudhisthira | wus tundhuk alungguh | gantya warta-winartanan | nata kalih samya pangunguning galih | têmah sarêng sukanya ||

41. dènnya sami pinanggih basuki | sagung para ari myang santana | miwah Sri Baladewane | samya sru suka sukur | laju sami kasukan angênting |[2] kunêng malih winarna | Sriwêdari Prabu | sapungkure Nata Krêsna | wus antara dina wau sri bupati | amucung solahira ||

11. Pocung

1. ya ta wau Sriwêdari Sang Aprabu | ing sapungkurira | sinuhun ing Dwarawati | dupi sampun antara [a...]

--- 1 : 114 ---

[...ntara] dina mangkana ||

2. Sang Aprabu Arjunapati anuju | miyos sinewaka | pêpak sagung para mantri | myang punggawa prameya wus munggèng ngarsa ||

3. kadangipun taruna wus sinung lungguh | ingangkat kawiryan | jinêjêr angrèhkên mantri | amumpuni ing aguna kanuragan ||

4. sudibya nung prawira waskithèng kewuh | tur ambêg sudarma | palamarta maratani | sumbagèng rat sira Sang Patih Suwănda ||

5. munggèng ngayun jajar lan ipe sang prabu | satriya Prangguwa | kang raka Dyah Citrahoyi | kang anama sira Radèn Citrahoya ||

6. prawira nung gêgala ambêk gul-agul | Radèn Citrahoya | wus lami nèng Sriwêdari | pan ingandhêg marang Sri Arjunapatya ||

7. kinèn ngimur mring arinira sang ayu | dènnyarsa antaka | nênggih Dèwi

--- 1 : 115 ---

Citrahoyi | wus mangkana dangu dènira sewaka ||

8. ngandika rum Arjunapati Sang Prabu | hèh yayi Suwănda | nuli samêktaa aglis | asaosa titihane garwaningwang ||

9. lawan sagung ing wadya punggawaningsun | patahên ing karya | iya kang bakal umiring | lakuningsun aseba maring Ngastina ||

10. myang kang kantun atunggu praja ing pungkur | lawan undhangana | dèn padha prayitnèng wèsthi | nêmbah matur sira Kya Patih Suwănda ||

11. dhuh pukulun amba kamipurun matur | maring kadang tuwa | myang pinasthi ratu mami | lêpat lêrês kawula kêdah matura ||

12. karyanipun punapa tuwan sang prabu | sowan mring Ngastina | pangraos botên prayogi |

--- 1 : 116 ---

jêng paduka punika karsa sumewa ||

13. tan pakantuk punapa ing mingsilipun | inggih padukendra | tan kabawah Dwarawati | miwah datan kaparentah ing Ngastina ||

14. milanipun tuwan kadêrêng sumujud | dhatêng ing Ngastina | tan wande anêniwasi | tanpa tuwas wasanane kalonglongan ||

15. sêdhêng sampun nguni puruhita tuhu | dhatêng Prabu Krêsna | makatên ugi sayêkti | karsa nata tan kaprah wong puruhita ||

16. amba ngrungu sawêk paduka pukulun | tiyang puruhita | tan wontên srama pawèstri | jaman pundi amung paduka punika ||

17. yèn saèstu karsa paduka pukulun | sowan mring Ngastina | ngaturkên kangbok sang dèwi | pan kawula botên purun angiringna ||

18. ngong palaur têngga nagari ing pungkur | pan sakêthi

--- 1 : 117 ---

merang | mendah pocapaning janmi | Sriwêdari wus tan ana wonge lanang ||

19. lami ulun pan inggih dèrèng angrungu | kathah wong gêgulang | tan kadi tuwan puniki | akal apa mring guru asrama garwa ||

20. mung pukulun punika kenging cêcinthung | alon angandika | Sang Prabu Arjunapati | iya bênêr yayi kaya ujarira ||

21. nanging iku iya dudu karsaningsun | aja sira pugal | iya ngruktia dèn aglis | wahanane dayintaning sun dèn inggal ||

22. iya amung dèn padha samaptèng kewuh | yèn anèng alaga | mêngko yayi sun tuturi | sira Radèn Suwănda tampi sasmita ||

23. sukèng kalbu kya patih graitanipun | sokur yèn mangkana | karsane sri narapati | cabar

--- 1 : 118 ---

tiwas suka mangun ing alaga ||

24. sang aprabu sigra kundur angadhatun | ya ta kyana patya | kang maksih kari nèng jawi | sukèng driya laju samaptèng ayuda ||

25. kang wadya gung samya winangsitan sampun | ing karsa sang nata | suka sadaya miranti | samapta glis sira Kya Patih Suwănda ||

26. wus malêbu marang sajroning kadhatun | ambêkta jêmpana | lan Radèn Citrahoyèki | praptèng pura wus marêk sri naranata ||

27. sang aprabu sigra matêk ajinipun | sigra malih warna | amimba Dyah Citrahoyi | tan asiwah lan warnane sang lir rêtna ||

28. sang aprabu alon dènira dhêdhawuh | mring Radèn Suwănda | benjang yèn sira wus prapti | ing Ngastina sira yayi umatura ||

29. lamun [lamu...]

--- 1 : 119 ---

[...n] ingsun lagi kapalang pakewuh | milane tan seba | amung sêsulih sirèki | lawan yayi Citrahoya amilua ||

30. kalihipun sami sandika wotsantun | saksana sang nata | lajêng umanjing ing joli | wus binêkta mêdal mring rêkyana patya ||

31. praptanipun ing jawi lajêng dhêdhawuh | matah kang binêkta | kinèn samêkta ing jurit | miwah ingkang pinatah atêngga praja ||

32. wusnya putus lajêng budhalan sadarum | gumuruh swaranya | prajurit ing Sriwêdari | pra punggawa sami angayap jêmpana ||

33. angêndhanu asri busananing laku | kadi gunung kêmbang | lêlayu abra sinêling | têtabuhan munya ing samarga-marga ||

34. tan winuwus lampahira sampun rawuh | nagari Ngastina |

--- 1 : 120 ---

nulya Suwănda Kya Patih | saha bala ing alun-alun wus prapta ||

35. datan laju kèndêl salèr ringin kurung | anganti timbalan | samana Sri Narapati | Yudhisthira nuju miyos siniwaka ||

36. pêpak sagung punggawa lan para ratu | andhèr para nata | myang Sinuhun Dwarawati | lênggah munggèng ngarsa lan Sri Baladewa ||

37. ya ta wau Yudhisthira Sang Aprabu | sadangunya lênggah | kagyat dènira ningali | wontên prapta baris salèr wringin kêmbar ||

38. sigra tuduh kinèn mariksaa gupuh | kang dinuta mêsat | sampun pinariksa sami | wus dinangu sêdyanya katur sadaya ||

39. sigra wangsul punggawa ingkang ingutus |

--- 1 : 121 ---

marêk ing ngarsendra | sadaya wus katur sami | lamun duta saking Sriwêdari praja ||

40. kang tinuduh kêkalih pêpatihipun | angiring jêmpana | ngaturakên rajaputri | kang kakarsan ing rayi tuwan Sang Parta ||

41. sang aprabu suka pamiyarsanipun | sigra pêparentah | sadaya kinèn nimbali | karsa nata kang dinuta nulya mentar ||

42. kerit sampun ngiring duta kalihipun | praptèng ngabyantara | samya sumujut tur bêkti | Sri Bathara Krêsna alon angandika ||

43. hèh sirèku Suwănda ingkang tinuduh | maring kakangira | yayi Prabu Sriwêdari | lah bagea praptanira ing Ngastina ||

44. awotsantun Suwănda matur anuhun | sih pangèstu tuwan |

--- 1 : 122 ---

ingkang dhumawuh kapundhi | mugi dados jimat mring jasat kawula ||

45. amba matur kauningana pukulun | rayi padukendra | tan tumut sowan pribadi | duk ing nguni ing sapêngkêr padukendra ||

46. prajanipun Sriwêdari ura-uru | kapraptanan salat | miwah kadhatêngan pagring | rayi tuwan ing mangke kataman roga ||

47. wêlingipun dhatêng kawula pukulun | mila tan asowan | ing ngarsa kangjêng dewaji | sangking sangêt dènira nandhang sungkawa ||

48. inggih amung ngaturkên dayintanipun | pangandikanira | Sri Bathara Dwarawati | putri iku anjingna sajroning pura ||

49. wus lumêbu sang rêtna maring kadhatun | saupacaranya | ya ta Natèng Dwarawati |

--- 1 : 123 ---

angandika mring Kyana Patih Udawa ||

50. lawan sagung wadya Ngastina sadarum | tan linilan bubar | malah kinèn mring sitinggil | nambramaa marang Apatih Suwănda ||

51. dèn atutug iya kasukanirèku | sagung wadyabala | sandika aturirèki | sri narendra lajêng kundur angandhatyan ||

52. para ratu umiring manjing kadhatun | sri nata ngandika | lawan Baladewa Aji | tan apisah lawan Prabu Yudhisthira ||

53. praptanipun ing kadhaton sang aprabu | lajêng abojana | lawan sagung para ari | miwah ingkang raka prabu kalihira ||

54. samya nutug kasukan jroning kadhatun | malih kawuwusa | kang kari anèng sitinggil | wadyabala Ngastina lan tamunira ||

--- 1 : 124 ---

55. samya nutug aboga drawina nayub | sagotra Ngastina | Sang Udawa pamugari | Sriwêdari manggala Patih Suwănda ||

56. suka nutug wuwusên jroning kadhatun | sira Dananjaya | wus pinanggihkên tumuli | lawan pramèswari ing Batukawarsa ||

57. wusnya pangguh binêkta mring tilamipun | sagung para nata | samya wangsul ing pandhapi | nutugakên dènira boga drawina ||

58. ya ta wau kang manjing ing tilam arum | Sang Parta samana | arsa nêkakakên kapti | niring weka weya ing pangungrumira ||

59. sang anamur sampun kaduga ing kalbu | mangsahkên kamayan | Sang Parta kenging piranti | pinanduk ing karsa pan lajêng anendra ||

60. sigra wau sang malih warna pan sampun |

--- 1 : 125 ---

anyana Sang Parta | baya tan wurung ngêmasi | Sri Arjunapati alon undurira ||

12. Durma

1. wus amalih warna Sriwêdari Raja | wangsul priyanya malih | lajêng narik katga | ginoco Radyan Parta | têrus walikatirèki | ludira muncar | ngalabi kasur sari ||

2. sru kantaka tan emut purwa duksina | ya ta kang laku sandi | asru asêsumbar | hèh Parta rasakêna | rêbutên iki prajurit | amăndraguna | prabu ing Sriwêdari ||

3. iya ingsun Prabu Palgunadiputra | dadi tan nguciwani | gon ingsun prawira | sor unggul aprang dhadha | măndraguna sura sêkti | tan kaya sira | jalêbut kurang isin ||

4. apa sira sêngguh

--- 1 : 126 ---

sun putri Prangguwa | dene atêsmak dhingklik | mamak bae sira | caluthak cêkathakan | paripêksa mondhong putri | garwaning liyan | têka tan pira iki ||

5. sun watara yuwana sira Arjuna | dene kalêngki-lêngki | lah payo dèn enggal | rêbutên garwaningwang | yèn maksih Arjunapati | kaya tan kêna | yèn durung sun ngêmasi ||

6. pamyarsèngwang sirèku satriya tama | têka tan wruh ing isin | nistha tanpa guna | ana wong arsa krama | angrêbut garwaning aji | tan linawan prang | kang darbe misih urip ||

7. wus têtela sira jrih ing adilaga | mulane doyan ngisin | yèn Arjunapatya | tan mêngkono solahnya | duk ingsun krama ing nguni | abên ayuda |

--- 1 : 127 ---

pragola takêr pati ||

8. lamun ingsun krama anganggo ubaya | gampang angalap putri | amboyong nagara | mêngkono wong prawira | măngsa ta kaya sirèki | wong arsa krama | têka ajrih ing pati ||

9. wusnya mojar mangkana Arjunapatya | sigra dènira ngambil | sagung gêgaman prang | kagungannya Sang Parta | panah pun rodhadhêdhali | naracabala | katiga pasopati ||

10. kapat cundhamani kang samya ingalap | mangkana sri bupati | osiking wardaya | tan layak sira Parta | darbe ambêknya nglanangi | kasub ing jagat | pantês pratamèng jurit ||

11. sawusira angucap Arjunapatya | nulya lumajêng mijil | arsa samaptèng prang | nunggil kang wadyabala [wadya...]

--- 1 : 128 ---

[...bala] | sêsumbar samargi-margi | hèh wong Ngastina | baya wus cadhok sami ||

12. nora nana wong lanang pratamèng yuda | amung ing Sriwêdari | hèh ta wong Ngastina | kaya tan duwe mata | kalawan padha pawèstri | tan darbe solah | dêstun wêdi ing jurit ||

13. lah dulunên mêngko Parta wus palastra | sirna ing asta mami | wau duk miyarsa | sira Bathara Krêsna | nimbali kang para aji | manjinga pura | mring gone Dyan Prêmadi ||

14. wus têtela yèn Arjuna nandhang brana | winungu tan ngalisik | gumêr ing jro pura | samya lara karuna | Wara Sumbadra tan sipi | lara karuna | kêdah bela ngêmasi ||

15. wus sinayut dening Sang Sri Naradipa | sigra Sri Krêsna [Krê...]

--- 1 : 129 ---

[...sna] aglis | nimbali Udawa | nututi duratmaka | sapraptanirèng sitinggil | asru ngandika | prabu ing Dwarawati ||

16. lah Udawa enggal aja kalayatan | iku mungsuhirèki | lah sira cêkêla | miwah bala Ngastina | lawan wadya Dwarawati | padha maguta | numpês wong Sriwêdari ||

17. wusnya dhawuh marang Kya Patih Udawa | dhawuh kang para ari | lan wadya Ngastina | durung wruh purwanira | lajêng kèndêl kang pra ari | kuwur ing laga | gugup dhawuhing gusti ||

18. datan nyana kalamun badhe ayuda | amung guguping galih | wadya ing Ngastina | samapta wêwangsitan | wus budhal saking nagari | mila tan taha | lajêng nêpungi jurit ||

19. ya ta wau Sang Prabu Arjunapatya |

--- 1 : 130 ---

mingsêr saking sitinggil | lan Patih Suwănda | lan Radèn Citrahoya | duk samaptanirèng jurit | tuwin bupatya | apan sampun miranti ||

20. ya ta matur Rêkyana Patih Suwănda | mring Prabu Sriwêdari | binarêng prangira | gumrêgut ambêk pêjah | gora rèh kagiri-giri | riwuting yuda | rêbut gon liru titih ||

21. sira Radèn Sêtyaka nindhihi yuda | limpunge mobat-mabit | Kya Patih Udawa | ngamuk lawan curiga | Suwănda sawadyanèki | wadyabalanya | Batukawarsa aglis ||

22. balanira kang samya bêkta wahana | sigra wus amiranti | apan warna-warna | turăngga èsthi rata | mangsah ing rana bêk pati | wadya Ngastina | ya ta nadhahi [na...]

--- 1 : 131 ---

[...dhahi] jurit ||

23. sigra krodha sira Arya Bratasena | mulat wong Sriwêdari | prange tan utama | dene padha wahana | tanpa krama ing ajurit | sigra umangsah | Wrêkudara mangungkih ||

24. gadanira krura nyabêt gajah rata | suh tumpês sirna tapis | pan katiban gada | widagda Arya Sena | nampêk ratane Kya Patih | Suwănda milar | amung ratane kêni ||

25. awor kisma rata katibanan gada | ya ta Suwănda Patih | ing pamilarira | tinadhahan Udawa | Suwănda ginoco mati | marang Udawa | sigra Arjunapati ||

26. duk tumingal lamun arine palastra | duka yayah sinipi |

--- 1 : 132 ---

wau sri narendra | nglêpasi kang warastra | lir jawah madyaning jurit | sarwi manabda | anguwuh mring kang rayi ||

27. hèh Suwănda sira yayi ge tangia | kaya dudu prajurit | lah ta ge riningwang | măngsa praptèng antaka | sigra Sang Suwănda Patih | wungu sakala | mring Udawa mrêpêki ||

28. gantya nyuduk Sang Udawa kapracondhang | niba gumuling siti | wau Sang Sri Krêsna | asru dènnya ngandika | hèh hèh Udawa dèn aglis | nuli tangia | aja kasuwèn nuli ||

29. kaya dudu kêkasih Bathara Krêsna | sigra Udawa tangi | janggirat umangsah | Suwănda linarihan | gupuh dènira nyarêngi | parêng panduknya | têmpuh sampyuh ing jurit ||

30. ramening prang Suwănda wira kalihnya | kèlês [kèlê...]

--- 1 : 133 ---

[...s] luluh wor siti | ya ta duk tumingal | Prabu Arjunapatya | yèn kang rayi angêmasi | langkung bramantya | mangsah ngawaki jurit ||

31. angayati warastra mring Dyan Sêtyaka | awas dènnya ningali | Sri Bathara Krêsna | yèn kang putra pinanah | marang Sri Arjunapati | Bathara Krêsna | duka yayah sinipi ||

32. lajêng dènnya umangsah nyandhaki panah | pan sarwi marêpêki | unggyaning sang nata | Arjunapati mulat | yèn Prabu Krêsna ngawaki | merang lumaras | nêdya atilar baris ||

33. palarasan prapta sajawining praja | ya ta awas ningali | Sri Bathara Krêsna | yèn mungsuhe amingkar | sigra dènira nututi | kongsi atêbah | saking jaban nagari ||

34. kunêng ingkang aprang nèng jawining [jawi...]

--- 1 : 134 ---

[...ning] praja | wuwusên ing nagari | pan misih ayuda | rame rok liru papan | tan ana kuciwa kalih | candhak-cinandhak | mulêt madyaning jurit ||

35. pêtêng dhêdhêt balêdug nglimputi wiyat | bala lali ing gusti | gusti ya kawula | saking riwuting yuda | pêpati datanpa wilis | Radèn Sêtyaka | pangamuknya mawrêdi ||

36. mawa limpung lir sudagdya pangamuknya | ripu kang anèng nagri | singa kang katiban | ing limpung tapa sesa | anglir anusuki wrêjit | Radèn Sêtyaka | liwung awuru gêtih ||

37. kang wahana apan kalangan ting jlêmpah | wor wangkening kudèsthi | myang rêmukan rata | ngalun-alun balasah | kunêng kang wadya prajurit | kang lagya yuda | datan kewran ing jurit ||

38. Wrêkudara [Wrê...]

--- 1 : 135 ---

[...kudara] angamuk liwung manêngah | gadane mobat-mabit | kalangkung bramantya | riwut mangamuk ngrampak | kapilês kèlês angisis | mawur kang pêrak | kêpranggul lunga gêndring ||

39. kang kacandhak rangkêp pitu wolu sanga | sinabêtakên aglis | kalawan pupunya | galêpung angganira | wong sanga sumyur wor siti | malih anyandhak | rongpuluh barêng kêni ||

40. sinabêtkên ing rowangira priyăngga | samya wong Sriwêdari | tiyang kalih dasa | antuk wong wolung dasa | wolung dasa anibani | rongatus pêjah | bêlasah bosah-basih ||

41. ênêngêna kang maksih rame ayuda | wuwusên sri bupati | Sri Bathara Krêsna | kang aprang jawi [ja...]

--- 1 : 136 ---

[...wi] kitha | lan Prabu Arjunapati | asru sêsumbar | Prabu Arjunapati ||

42. lah ta payo kene Krêsna nututana | hèh babo sun antèni | padha ngadu yasa | ngêtog ing kaprawiran | ing yuda aja nguncati | dèn tanggon sira | aprang kalawan mami ||

43. nguni sira dadi sasêmbahan ingwang | awit ingsun guroni | ambêk arjaning rat | têka ing mêngko sira | salah budimu kuwalik | lêlêthêk ngrêda | amis bacin sukrêjis ||

44. ilang bae sinêbut Wisnu Bathara | akalmu nora bêcik | karêm kaniaya | misesa wanawasa | ilang kramaning narpati | arsa mêmisah | iya wong lagi asih ||

45. duk ing nguni sinêbut kang kaya sira | punuji ing sabumi |

--- 1 : 137 ---

bengkas satruning rat | titi datan sangsaya | iya munduran sakiki | ya salin karsa | arda murka sirèki ||

46. wus adangu dènira anguman-uman | prabu ing Sriwêdari | mring Bathara Krêsna | wau duk amiyarsa | Sri Bathara Dwarawati | sigra angayat | cakra sarwi lingnya ris ||

47. hèh Arjunapati sirèku palastra | săngka ing cakra mami | Sri Arjunapatya | nolih sarwi angucap | lah ya tibakna dèn aglis | kaya tan cuwa | sira yuda lan mami ||

13. Pangkur

1. wau Sri Bathara Krêsna | musthi cakra mijil prabawa luwih | ambrubul buron wana gung | mêlêg ngêbêki papan | warna-warna angrèp [a...]

--- 1 : 138 ---

[...ngrèp] anêmpuh ing mungsuh | dèrèng kêndhat wijilira | ing wuri maksih anggili ||

2. rikat Sri Arjunapatya | ngayat sara pasopati pinusthi | jêmparing maèwu-èwu | mayuta wêndra kirna | kadya jawah tibane parêng tumanduk | buron alas kawêratan | kataman panah ngijèni ||

3. sirna prabawaning cakra | Sri Bathara Krêsna amusthi malih | mijêl[3] naga gêng ambrubul | tan kêndhat saking cakra | nêmpuh marang Sri Arjunapati gupuh | rodhadhêdhali ingayat | mijil kakendra ngèbêki ||

4. umêsat ngrabasèng mêngsah | langkung rame prange pratama luwih | suka sakèh jawata gung | tumonton nèng awiyat | angudani kêmbang madyaning prang

--- 1 : 139 ---

pupuh | dènira nata kalihnya | tan kuciwa ngadu sêkti ||

5. dangu ngabên kasantikan | sirna gêmpang naga datan ngundhili | bramantya Sri Krêsna Prabu | ing driya èsmu kewran | dènnya agung prabawanira kaluluh | kalindhih sami sakala | sigra Prabu Harimurti ||

6. musthi malih mêdal ditya | kumarutug saking cakra umijil | yêksa dênawa lan diyu | yutan gandarwo rodra | kèsèr-kèsèr ănja-ănja ilu-ilu | thethekan lan banaspatya | samya umangsah ing jurit ||

7. yitna Sri Batukawarsa | Sri Arjunapati nglêpaskên aglis | ditya sadaya kacundhuk | tan ana kaliwatan | sirna malih kang cakra

--- 1 : 140 ---

prabawanipun | sadaya wus tanpa sesa | sêsumbar Arjunapati ||

8. lah payo Krêsna dèn inggal | mêtokêna budimu ing ajurit | aja pijêr lêngak-lênguk | baya wus ajrih sira | duk andulu iya mring kadibyan ingsun | iki Sri Arjunapatya | wani pêrang tur sinêkti ||

9. nora kaya kadangira | Si Prêmadi têka ngucirèng jurit | sun sêngguh yuwana tuhu | dene tan sita-sita | Nglêlanangi ing jagat arsa winêngku | praptaning don tanpa sesa | nauri Sri Harimurti ||

10. iya bênêr wuwusira | nanging iku nisthamu tan katolih | lamun dibya kang satuhu | tan susah anyênyêlang | kaprawiran maring mungsuh nora ayun | ngêndi

--- 1 : 141 ---

ratu kaya sira | kang saèn alaku juti ||

11. cidra anganggo gêgawa | nora wirang uripira nèng bumi | lah êndi ta gêgamanmu | kang săngka dhangkanira | tadhahana nya iki pawèwèh ingsun | sigra amusthi kang cakra | mêdal pawana tan aris ||

12. sindhung riwut sêsiwutan | kayu-kayu sirna kaprapal ênting | kentas kapusus ing lesus | arga rêg guntur bêntar | sigra Prabu Arjunapati ananduk | cundhamani wus ingayat | mijil samirana tarik ||

13. sindhung riwut saking panah | nêmpuh uwor păncawora mariris | kagiri-giri gumuruh | arga rêg bantala bah | kosik kanang naga bumi pêthitipun [pêthiti...]

--- 1 : 142 ---

[...pun] | akèngsêr saking awiyat | katampêg gunging kang angin ||

14. kuciwa prabawèng cakra | pamêsusing prabawa cundhamani | gora prakêmpa gumludhug | nampêg Narpati Krêsna | langkung dhêdhêt kalimput dening balêdug | limput tan amawa udan | gugup Prabu Harimurti ||

15. musthi prabawa pamungkas | saking cakra kumêbul mêdal api | amêdal maèwu gunung | kèbêgan papaning prang | sirna rusak kang cêlak padha lumayu | desa kang lakon sadina | giris katampêg ing agni ||

16. gègèr desa ingkang têbah | ya ta wau Prabu Arjunapati | cundhamani pinusthi wus | nulya mijil dahana | dadya têmpuh gêni pirang èwu gunung | anggrêng mumbul ngalad-alad [nga...]

--- 1 : 143 ---

[...lad-alad] | lir Hyang Brama krodhèng bumi ||

17. arsa anyalini alam | kagegeran jawata kontrang-kantring | dènira sawarganipun | kasundhul ing dahana | surènggana kèh samya anguwuh-uwuh | hèh kaki sudanên enggal | karodhaning prabawanti ||

18. tan wun sining Endraloka | gugup Sang Hyang Brahma sigra nêdhaki | nêngahi kang aprang pupuh | nata kalih uninga | Sang Hyang Brahma jumênêng madyaning latu | dadya kèndêl kalihira | ya ta sru sabdanirèki ||

19. agni antara wus sirna | hèh hèh kaki Prabu Arjunapati | dhawuhe sang hyang pukulun | sakèhe kang warastra | kang sirambil darbèke Si Parta iku | pinundhut mring suralaya |

--- 1 : 144 ---

dudu sira kang darbèni ||

20. lawan ana janjinira | kang warastra mulih mring sawarga di | lamun sira datan angsung | yêkti sirna sakala | gêni iki nampêg mring sira patimu | miwah tan antuk suwarga | dêlahan kaèsi-èsi ||

21. yèn sira mituhu mringwang | yêkti antuk suwarga sira benjing | prasajanên prangmu pupuh | wau ta sri narendra | duk miyarsa ing sabda ngênglêng kalangkung | lir murcatma sanalika | nyana bêbaya sang aji ||

22. ngandikane Sang Hyang Brahma | èsmu duka mring Prabu Sriwêdari | sarta sinungan babêndu | lamun tan ngaturêna | kathah ingkang gêgamanipun prang pupuh | Sang Parta ingkang binêkta | mring Prabu Arjunapati ||

23. mangkana sri naranata | ngaturakên sagung [sa...]

--- 1 : 145 ---

[...gung] gêgaman jurit | Hyang Brahma nampani sampun | sagunging kang sanjata | sigra Prabu Arjunapati lumayu | nêdya mingkar ing ayuda | wau ta Sri Harimurti ||

24. marêk ngarsaning Hyang Brahma | pinaringan sanjata cundhamani | sarwi angandika arum | hèh kaki tampanana | panah cundhamani kang sinungkên wangsul | paringêna marang Parta | karana puniku benjing ||

25. pangrusaking duka karsa | miwah lara roga nirmala jati | srana saking panah iku | dene panunggalira | kang sanjata mulih maring sawarga gung | pinulung mring kadewatan | sandika Sri Harimurti ||

26. sampun anampèni panah | cundhamani Sang Hyang Brahma anuli | muksa mring kahyanganipun | sigra Bathara

--- 1 : 146 ---

Krêsna | anututi mêngsahe ingkang lumayu | Narendra Batukawarsa | sarwi wacana nudingi ||

27. lah dhustha sira mandhêga | dene têka ngucira wêdi mati | sira ratuning calimut | ratuning durtaning rat | ngêndi ana ratu prang nganggo lumayu | wau ta duk amiyarsa | nolih Prabu Sriwêdari ||

28. hèh Sri Krêsna aja lanas | pangucapmu dumèh yèn bisa angling | dene kaya wong bêburuh | aprang nganggo sêsumbar | amrih alêm sapa ngopahi sirèku | payo age nututana | sigra Prabu Harimurti ||

29. duka anglêpasi cakra | Natèng Batukawarsa anadhahi | kêna pagas jangganipun | gumuling anèng kisma | Prabu Krêsna mrêpêki panggenanipun | minantran wangkening nata | patine Arjunapati ||

30. muksa sakuwandanira [saku...]

--- 1 : 147 ---

[...wandanira] | Prabu Krêsna sigra wangsul tumuli | namung prang ing alun-alun | maksih rame ayuda | para ari para putra parêng ngamuk | mungsuh tan măngga puliha | prange wus ngarang-arangi ||

31. dangu-dangu wadya mêngsah | apan nunggil sadaya ing ajurit | sasisanira kang lampus | katawan tinalenan | ana siji satriyane kang kapikut | anungkul tan nêdya lawan | bubar prang kadya mas kentir ||

14. Maskumambang

1. wus mangkana wau ta kang para aji | ngumpul para wira | sakarine kang ngêmasi | marêk maring gustinira ||

2. Sri Bathara Krêsna pêparentah nuli | kinèn buwangana | wangke rowang mêngsah sami | wong Ngastina wus tumandang ||

3. ya ta wau kang mêntas mênang ing jurit | lumêbêt ing pura | lawan [lawa...]

--- 1 : 148 ---

[...n] sagung para ari | miwah ingkang wadyabala ||

4. sampun panggih lawan Sri Yudhisthira Ji | Prabu Baladewa | lan Sinuhun Dwarawati | miwah Arya Wrêkudara ||

5. Sri Nangkula Sadewa pan atut wuri | manjing ing jro pura | matur miwiti mêkasi | sasolahirèng ayuda ||

6. Prabu Yudhisthira anuhun ing galih | ya ta Prabu Krêsna | sungkawa dènnya ningali | pamulare para garwa ||

7. samya gubêl ing raka Sri Harimurti | anuwun usada | waluyane Dyan Prêmadi | dènira misih kantaka ||

8. lamun datan bisa waluya sajati | sagung para garwa | miwah Yudhisthira Aji | sakadange karsa bela ||

9. nora nana kang nêdya kari ngêmasi | sêtyane sadaya | wau ta Sri Harimurti | mèsêm sarwi angandika [angandi...]

--- 1 : 149 ---

[...ka] ||

10. adhuh kabèh kadang-kadang ingsun sami | aja na sungkawa | lamun misih jênêng mami | pun kakang dèn andêlêna ||

11. yayi prabu paduka sampun prihatin | yèn taksih kawula | kadi botên angêmasi | rayi tuwan pun Arjuna ||

12. alon matur Prabu Yudhisthira Aji | lamun makatêna | nuntên paduka tulungi | paringa sukaning driya ||

13. sigra ngambil Sri Bathara Harimurti | wijayakusuma | nulya ingungkulkên aglis | Sang Parta sampun waluya ||

14. parmaning Yyang waluya nirmala jati | wau Sang Arjuna | wungu kadya mêntas guling | ngungun pungun-pungun mulat ||

15. dangu mangu dènira rinubung tangis | osiking wardaya | ana paran mau iki | dene kabèh padha mular ||

--- 1 : 150 ---

16. Sang Arjuna wus nyana kênèng piranti | wong Batukawarsa | kang anyidra maring mami | pratandhane tan katingal ||

17. pramèswari Sriwêdari tan kaèksi | iku ingkang mawa | wau ta Risang Prêmadi | lajêng umarêk manêmbah ||

18. maring raka sadaya dipun bêktèni | sigra garwanira | Wara Sumbadra anangis | sumungkêm pakoning[4] raka ||

19. sru sêsambat katujune tan ngêmasi | babo sira paran | maksih rinêksèng dewadi | wau ta Sang Dananjaya ||

20. wimbuh ing tyas wêkasan bela anangis | Sri Bathara Krêsna | angimur marang kang rayi | sawusnya lipur sadaya ||

21. angandika wau Sang Sri Harimurti | hèh yayi Arjuna | wruhanira mau yayi | sirèku kêna ing cidra ||

22. panggawene iya Si Arjunapati | tinutur sadaya | miwiti malah mêkasi |

--- 1 : 151 ---

langkung angungun Sang Parta ||

23. Sri Bathara Krêsna angandika malih | mulane riningwang | ing karsa dipun aririh | sapira munga yèn panah ||

24. kang rinacut ing dewa maring swarga di | katujune iya | nora badanira yayi | wruhanira ariningwang ||

25. sabarang rèh yèn rèrèh yêkti pakolih | yèn lali wiweka | dadi tan tuna ngaurip | uripe amung sapisan ||

26. nora nana urip kongsi kaping kalih | mulane dèn awas | tiwasing badan puniki | ing agêsang masthi tuna ||

27. tuna budi tuna kawruh dadi sisip | luputing agêsang | yèn wus tumiba tan bêcik | paran marga balènana ||

28. Sang Arjuna miyarsa dhêku tan sipi | sawusnya mangkana | suka amanggih basuki | sadaya [sa...]

--- 1 : 152 ---

[...daya] mijil ing jaba ||

29. Prabu Yudhisthira lawan para aji | miyos ing paseban | lawan ingkang para ari | nimbali sagung boyongan ||

30. tan antara sadaya wus munggèng ngarsi | wong Batukawarsa | dinangu sêdyanirèki | miwah namaning satriya ||

31. lamun nungkul sayêktine dèn uripi | manawarsa bela | ratune kang wus ngêmasi | iya mêsthi pinêjahan ||

32. alon matur satriya ing Sriwêdari | adhuh gustiningwang | kawula anuwun urip | kumêdah badhe ngawula ||

33. lawan inggih dede tiyang Sriwêdari | kawula babêktan | kadange Ni Citrahoyi | sorine Arjunapatya ||

34. ya ta wau duk miyarsa sri bupati | nulya aparentah | sadaya kinèn

--- 1 : 153 ---

ngluwari | sampun sami inguculan ||

35. matur nêmbah andhêku sarwi anangis | gusti wijil amba | ing Parangguwa nagari | nama amba Citrahoya ||

36. kang ayoga pukulun dhatêng ing dasih | Prabu Citranggana | mila wontên Sriwêdari | ngêtutkên kadang kawula ||

37. salaminya Sang Prabu Arjunapati | dèrèng kasêmbadan | dènira apalakrami | garwane lumuh kalintang ||

38. milanipun kawula dipun gendholi | mring Arjunapatya | inggih kinèn mituturi | kinanthi minăngka êmban ||

15. Kinanthi

1. Bathara Krêsna lingnya rum | hèh kalingane sirèki | satriya ing Parangguwa | dudu wong ing Sriwêdari | yèn mangkono Citrahoya | ing karsane yayi aji ||

2. sirèku madêga ratu | anèng nagri Sriwêdari | mêngkua kang wadyabala | ing Batukawarsa [Ba...]

--- 1 : 154 ---

[...tukawarsa] nênggih | jêjuluk Sri Citrahoya | narendra ing Sriwêdari ||

3. sandika ing aturipun | anêmbah sujud ing siti | sampun sami ingestrenan | Prabu Citrahoya Aji | tyasira marwata suta | karsanya sapati urip ||

4. sih lulut suwitanipun | narendra ing Sriwêdari | mring sinuhun ing Ngastina | ya ta Prabu Harimurti | matur marang sri narendra | yèn badhe karya pêpatih ||

5. pun Udawa sutanipun | dadya Patih Dwarawati | anama pun Udakarya | punika ingkang prayogi | anggêntosi ramanira | kang rayi amrayogani ||

6. Bathara Krêsna angutus | nimbali wadyanirèki | kalawan pun Udakarya | wus praptèng byantara aji | tan dangu gya dhinawuhan | gumantyèng ramanirèki [rama...]

--- 1 : 155 ---

[...nirèki] ||

7. Si Udawa lungguhipun | dadya Patih Dwarawati | Udakarya tur sandika | sampun ingestrenan nuli | sigra umarêk manêmbah | kang mêntas sinungan linggih ||

8. Prabu Citrahoya matur | dhuh pukulun sri bupati | kawula nuwun parentah | mênggah nagri Sriwêdari | manawi kinarsakêna | kadang kawula pawèstri ||

9. pun Citrahoyi pukulun | sumăngga ing karsa aji | kang minăngka jêjarahan | pituwas bêdhahing nagri | ngandika Bathara Krêsna | yèn mangkono luwih bêcik ||

10. sun tarima sira iku | sumêdya mantêp andasih | sira dhewe lumakua | mring nagara Sriwêdari | bêboyongan arinira | kanthia punggawa kalih ||

11. ing Ngastina kang dibya nung |

--- 1 : 156 ---

ngiringa marang sirèki | sandika Sri Citrahoya | wus mangkana sri bupati | nulya kundur angadhatyan | bubar kang sami anangkil ||

12. pakuwon sajuru-juru | datan winurcitèng kawi | wuwusên ing enjingira | sang prabu ing Sriwêdari | kanthi wadya ing Ngastina | kêkalih anyenapati ||

13. swaraning bala gumuruh | wus têbih saking nagari | ing marga tan winusita | laminya dènnya lumaris | mèh andungkap praptanira | nagari ing Sriwêdari ||

14. kunêng Citrahoya Prabu | saha bala kang lumaris | ya ta malih kawuwusa | nagara ing Sriwêdari | nalika sapêngkêrira | Sang Prabu Arjunapati ||

15. abudhal sawadyanipun | mring Ngastina andon jurit | putri adi Parangguwa | pramèswari Sriwêdari | tinilar kari nèng pura [pu...]

--- 1 : 157 ---

[...ra] | Kusuma Yu Citrahoyi ||

16. sakalangkung gunging wuyung | manggung anèng dalêm puri | datan arsa mêdal-mêdal | ing tyas sanityasa tistis | sru goyang brăngta mangarang | wirangrong seje ginalih ||

17. katongtonên tamunipun | kang nama Radèn Prêmadi | duk prapta lan Prabu Krêsna | têtinjo umanjing puri | tan èngêt maring ing raka | Sang Prabu Arjunapati ||

18. tan ana malih kang ketung | pan namung Radèn Prêmadi | satriya madyèng Pandhawa | wiraga gêgasah ati | samana sang lir kusuma | nuju lênggah anèng jawi ||

19. ing madening taman santun | pinarêk êmban kêkalih | bêktan saking Parangguwa | kinanthi raina wêngi | Nyai Surat wastanira | Nyai Sari kang satunggil ||

--- 1 : 158 ---

20. tan pisah kêkalihipun | mangkana rêtnaning puri | ngandika mring êmbanira | biyang sira antuk warti | lungane Arjunapatya | mring Ngastina masang sandi ||

21. amêmindha warnaningsun | kinarya nyidra ing pati | marang Risang Dananjaya | nanging ing watara mami | măngsa dadak amênanga | Sang Parta luwih sinêkti ||

22. Nyai Surat nêmbah matur | anggèr kawula miyarsi | wartanya kang kesah aprang | inggih sampun rame jurit | anggèr gêntos long-linongan | wadyane kang alit-alit ||

23. wadya Sriwêdari gêmpur | siji tan ana ngundhili | aprange amung sadina | Sang Prabu Arjunapati | kalawan Patih Suwănda | sampun sami angêmasi ||

24. wadya lit tan ana kantun | samya tumpês ing ajurit | wontên [wontê...]

--- 1 : 159 ---

[...n] kang katawan gêsang | pan namung satunggil kalih | dene punggawa Ngastina | prawirane nora gêmpil ||

25. amung satunggil kang lampus | kasilip madyaning jurit | duk maksih aprang wangsitan | pasamuan nèng sitinggil | amung kang aran Udawa | pêpatihing Dwarawati ||

26. amung puniku kang lampus | sampyuh lan Suwănda Patih | pêjahe mawi cinidra | yêkti nêmahi tan bêcik | milane Udawa pêjah | dèrèng wruh yèn badhe jurit ||

27. mèsêm ngandika sang ayu | jêrku apa nora sisip | wong nêdya alaku cidra | yêkti nêmahi tan bêcik | hèh ing mêngko rasakêna | dhêndhane wong laku sandi ||

28. nêdya ungas kumalungkung | ratune wong Sriwêdari | karêpe adol pagunan | kaprawiran sura sêkti | praptèng Ngastina [Nga...]

--- 1 : 160 ---

[...stina] tan kurang | malah baboning linuwih ||

29. kang guna wira pinunjul | pralêbda sêkti angênting | santa jaya-kawijayan | tumpêk nèng Ngastina sami | sakèh suraya jayèng rat | wus anèng Radèn Prêmadi ||

30. Si Arjunapati iku | sun ukumi wuta tuli | tiwas sabalane rusak | sokur sirna ing ajurit | ingkang dursila ing jagad | si pidhir Arjunapati ||

31. patute Kangjêng Sinuhun | Ngastina nuli anuding | para wiraning punggawa | mring Sriwêdari boyongi | sagung ingkang rajabrana | pèni-pèni jroning puri ||

32. akèh jêjarahanipun | sokur lawan awak mami | binoyong marang Ngastina | adhuh andupara yêkti | kalakona mangkonoa | paran baya ingkang margi ||

33. Nyai Surat nêmbah matur [ma...]

--- 1 : 161 ---

[...tur] | gusti malih kang pawarti | raka paduka rahadyan | silih-ungkih rêbat pati | nalika ramening aprang | Citrahoya kawlasasih ||

34. sabalane wus kapikut | sadaya dipun talèni | kabêkta manjing jro pura | mila langkung kawlasasih | dèntên anggèr duk katawan | sêsambat paduka gusti ||

35. datan wontên liyanipun | kang sinambat ing kaswasih | pan namung paduka nyawa | mangkana ature cèthi | dèrèng prapta ing wêkasan | wau ta sang rajaputri ||

36. pêgat pamiyarsanipun | sêlak kalingan prihatin | rontag tyas kadya murcatma | kadadak grah angranuhi | karêrantan kadangira | anèng paran kawlasasih ||

37. kumêpyur wardayanipun | kadadak wêktuning tangis [tangi...]

--- 1 : 162 ---

[...s] | mangkana osiking driya | Kusuma Di Citrahoyi | katuwone raganingwang | pijêr agawe prihatin ||

38. mendah baya rama prabu | tuwin kangjêng ibu sori | miyarsa warta mangkana | sayêkti luwih prihatin | jêr putra dinama-dama | mung sajodho lawan mami ||

39. adhuh kadang ingsun kakung | dene amanggih pisakit | karaya-raya si kakang | ngêtutakên maring mami | atêmah banjur suwita | mring ipe alabuh pati ||

40. ing mêngko wusananipun | milu lunga andon jurit | dene kongsi kawlasarsa | sawadyane nora kari | kayaparan dhuh si kakang | nèng paran nandhang têtali ||

41. mangkana sang rêtnaning rum | saputing driya mawingit | pucat [puca...]

--- 1 : 163 ---

[...t] prêmana nir cahya | yayah kantaka gumlinting | ing kisma datan sarănta | mari katon Dyan Prêmadi ||

42. amung ketang kadangipun | wau ta kang para cèthi | gugup anungkêmi pada | anjrit êmbane kêkalih | winungu sarwi wacana | dhuh anggèr wungua gusti ||

43. wau ature pun biyung | pan dèrèng kongsi dumugi | anggèr suwawi wungua | kawula dugèkne malih | sang dyah myarsa lamat-lamat | anulya lênggah sang dèwi ||

44. nanging misih pungun-pungun | suka sagung para cèthi | Nyai Surat aturira | anggèr wau dèrèng dugi | kasêlak tuwan udrasa | kawula awlas ningali ||

45. inggih ing pawartosipun | raka paduka ing mangkin | sampun sami linuwaran [li...]

--- 1 : 164 ---

[...nuwaran] | miwah sinungan kamuktin | ingadêgakên narendra | mêngku nagri Sriwêdari ||

46. nama Citrahoya Prabu | wartane kang sami mulih | malah ing mangke wus budhal | saking Ngastina tinuding | dhatêng ing Batukawarsa | kinèn sami amboyongi ||

47. ingiring wadya gumuruh | punggawa Ngastina kalih | kinèn ngiring raka tuwan | Prabu Citrahoya Aji | wau ta sang lir kusuma | suka dènira miyarsi ||

48. wus lilih wardayanipun | mangkana sajroning galih | muga dipun tulusêna | sihing Bathara kang luwih | basukine kadang ingwang | anèng Ngastina nagari ||

49. ya ta wau kang winuwus | kasaru kontrag ing jawi | rawuhe Sri Citrahoya | sawadyabalanirèki | praptaning [prapta...]

--- 1 : 165 ---

[...ning] Batukawarsa | katangguh suruping rawi ||

50. dadya makuwon sadarum | punggawa Ngastina kalih | anèng dalêm kapatihan | wismane Suwănda nguni | kinurmat sinuba-suba | nutug mênuhi saratri ||

51. sang nata manjing kadhatun | manggihi arinirèki | panggih jroning dhatulaya | kagyat Dèwi Citrahoyi | uninga kang raka prapta | gupuh lumayu nungkêmi ||

52. kalihe sami amuwun | kathah karaosing galih | sawusnya tata alênggah | sang nata lajêng wêwarti | wiwitan praptèng wêkasan | kang rayi nuwun ing galih ||

53. sakalangkung suka sukur | ing dewa manggih basuki | kang raka malih ngandika | sira samaptaa yayi |

--- 1 : 166 ---

sun gawa maring Ngastina | seba mring sri narapati ||

54. sun aturkên sira riku | dadya jêjarahan yayi | yayi poma lakonana | wêlasa kadangirèki | yayi sira ingsun karya | bela ing suwita mami ||

55. aywa kadi kang wus iku | ginarwèng Arjunapati | datan kêna pinarpêkan | ing mêngko yèn kanggo yayi | mring satriya Dananjaya | iku piturun dewadi ||

56. sang rêtna nêmbah anuhun | datan lênggana ing galih | sang nata malih ngandika | amung ing wawêkas mami | manawa sira katampan | dèn awas marang ing dasih ||

57. aja watak kumalungkung | ngungaskên sutaning aji | ala-alaning suwita | ngatonkên badanirèki | tan susah ngêngèdhèng sira | sayêkti katon pribadi ||

58. lawan malih ariningsun |

--- 1 : 167 ---

têmahan sira ing benjing | pisah kadang myang wong tuwa | nora pijêr anunggoni | marmane dipun waspada | dèn bisa suwitèng laki ||

59. wruhanira ariningsun | wêkasing titah puniki | ngilangna onêng mring kadang | sudarma aja katolih | kang măngka gusti wong tuwa | iya ingkang angsung bukti ||

60. anêmbah sang rêtnaning rum | sampun kacathêt ing galih | lilih têmah sami suka | sang nata lawan kang rayi | nutug dènnya awêwarah | saratri enjinge mijil ||

16. Mijil

1. tan winarna solahirèng ratri | enjinge sang katong | sampun miyos anèng pasebane | lawan punggawa Ngastina kalih | wadya Sriwêdari | nguni ingkang kantun ||

--- 1 : 168 ---

2. têngga pura sampun sami nangkil | parentah sang katong | para putra kinèn ngumpul kabèh | miwah sutaning kang mati jurit | nulya samya prapti | ngabyantara prabu ||

3. wus pinatah pêpangkating linggih | karsane sang katong | ginêntèkkên lungguhe ramane | nora nana kang owah sawiji | suka wêdi asih | kabèh wadya prabu ||

4. wus warata undhangnya sang aji | mring sagung ponang wong | Prabu Citrahoya ing samangke | dadya ratu anèng Sriwêdari | sakèhira sami | Ngastina kang dhawuh ||

5. para wadya ngandikan ngabêkti | marang sang akatong | tan winarna kabèh kasukane | sri narendra èngêt jroning galih | Sri Arjunapati | nguni tilar sunu ||

6. jalu nama Radèn [Ra...]

--- 1 : 169 ---

[...dèn] Kartanadi | anèng jro kadhaton | samangkenya tambuh ing unggyane | dadya nuduh punggawa satunggil | kinèn angulati | wadya mentar gupuh ||

7. tan winarna wau kang tinuding | ya ta winiraos | Radèn Kartanadi lan êmbane | jalu èstri samya atut wuri | anèng wisma alit | wismane banipun ||

8. ragi têbih saking ing jro puri | prênahe lor kulon | mila mêdal saking kadhatone | wit miyarsa pawartaning jurit | kang rama ngêmasi | sawadyane gêmpur ||

9. Sriwêdari sampun dèn gêntèni | kang jumênêng katong | Prabu Citrahoya kadang ipe | mila radèn sakalangkung ajrih | manggona jro puri | manawa kasiku ||

10. yuswanira Radèn Kartanadi [Kartana...]

--- 1 : 170 ---

[...di] | kakanging sapangon | warnanira rêspati asarèh | ruruh kadi Hyang Asmara ngalih | santa budya yêkti | santika mawiku ||

11. pan utama pratamaning jurit | milane sang anom | nora kiwul sedane ramane | wus angandêl maring jawata di | malah Palgunadi | amêbke pinunjul ||

12. adoh budi kang marang tan yêkti | karême dyan anom | ambêk darma mamêsu budine | ing samangke kakênan prihatin | tilar dhahar guling | ketang ramanipun ||

13. rina wêngi nityasèng manangis | panêdhaning batos | mring jawata antuka parmane | batinira sambat mring rama ji | langkung kawlasasih | rama sutanipun ||

14. êmbanira tansah dènnya nangis |

--- 1 : 171 ---

ing ngarsa sang anom | Kyai Meda kang jalu namane | Nyai Saji namane kang èstri | matur brêbês mili | nyawa gustiningsun ||

15. kadipundi makatêna gusti | dene tan lumrah wong | pun biyung ban sinêrang wong akèh | kula isin amulat ing janmi | singa sun prêpêki | prasamya tumambuh ||

16. angangkuhi sadaya tan sudi | mulat kula mengo | kadyandulu warêjit pantêse | adhuh gusti suwawi angalih | liyaning nagari | manawi ta antuk ||

17. sukèng galih sami andon kardi | tan karya rumaos | pan tinimbang nèng kene mangkene | kaèsi-èsi samining urip | lan tuwan puniki | nyawa ingsun dulu ||

18. botên dhahar [dha...]

--- 1 : 172 ---

[...har] lawan botên guling | asusah ing batos | pun biyung ban atêlas manahe | botên wande yèn nuntên ngêmasi | tanggung-tanggung urip | ngur matia ingsun ||

19. bangêt têmên wong ing Sriwêdari | tan mulat maring ngong | katon apa ya gustiku kiye | dene têka padha tulus sêngit | malah para mantri | tan ana kang emut ||

20. tega têmên iya sri bupati | dene ninggal layon | nora èngêt marang ing putrane | adhuh gusti suwawi angalih | angupaya bukti | nagri liyanipun ||

21. Radèn Kartanadi ngandika ris | wus jamake uwong | padha lami marang kamulane | narimaa sira mring dewadi | pira bara benjing | ana uripipun ||

22. dene sira biyung sun tuturi | iya raganingong | iki lagya nandhang

--- 1 : 173 ---

susah gêdhe | kangjêng rama tumêka ing lalis | dene kumawani | marang jêng sinuhun ||

23. laku cidra alawanan jurit | dene atmaningong | ngayun-ayun sang nata karsane | ya manawa ginalih wak mami | amopo ing aji | sayêkti binunuh ||

24. pinundhuta pati urip mami | jêr trah dosèng katong | iku biyung kang sun arêpake | pinundhuta ing siyang myang ratri | ingsun tan gumingsir | milu ramaningsun ||

25. aja sira biyung ngrêrubêdi | marang karsaningong | pasrahêna marang dewa bae | aja sira milu gêng prihatin | sun săngga pribadi | ukume sang prabu ||

26. sira biyung salamêta kalih | aja milu ingong | Radèn Kartanadi ngandikane | sarwi mêtêk jaja [ja...]

--- 1 : 174 ---

[...ja] luh drês mijil | lalu gêng prihatin | badane linuluh ||

27. êmbanira kêkalih ngrungkêbi | ing pada sang anom | adhuh anggèr gustiku sang radèn | pan pun biyung botên gêlêm kari | malah andhingini | yèn paduka lampus ||

28. pan kasaru ing praptanirèki | dutane sang katong | kagyat mulat wau ta sang radèn | tyas kumêpyur gupuh marêpêki | andhêku ngurmati | marang duta prabu ||

29. dhinawuhan Radèn Kartanadi | ngandikan sang katong | gugup radèn sandika ature | lajêng ngrasuk busana tumuli | wus kerit duta ji | lawan êmbanipun ||

30. nora pisah sami atut wuri | sru sandeyèng batos | duta nata mangkana karêpe | bangêt têmên gustiningsun [gustining...]

--- 1 : 175 ---

[...sun] iki | tyase ngumala di | wong bagus atulus ||

31. sarirane linuluh pribadi | dene kongsi cowong | iya sapa kang bisa mangkene | tinilar ing rama miwah bibi | ya ta tan winarni | lampahira rawuh ||

32. ngabyantara nata mangênjali | wau ta sang katong | jog tumurun ing palênggahane | Radèn Kartanadi pinarpêki | lungayanirèki | dyan pinêngkul-pêngkul ||

33. sri narendra karantan ing galih | mijil waspa katong | sang aprabu sigra lon sabdane | adhuh nyawa putraningsun kaki | ywa sandeyèng galih | narimaa masku ||

34. wus karsaning jawata linuwih | ramanira layon | anèng nagri

--- 1 : 176 ---

Ngastina jangjine | dene karsanira sri bupati | ingsun kang kinardi | sêsilih kaprabun ||

35. amêngkoni nagri Sriwêdari | mêngkoni punang wong | dene mêngko putraningsun radèn | aywa taha-taha sira kaki | akunên sun iki | ramanira kulup ||

36. aywa pae ramanira nguni | babo putraningong | amung sira benjang kang aduwe | pan pun bapa sadhela nyêlani | wau ta sang pêkik | tumungkul rawat luh ||

37. alon matur radèn kawlasasih | pukulun sang katong | sampun tuwan sandeya galihe | ila-ila darbea pun dasih | kajêng ingkang kadi | sabda jêng pukulun ||

38. amung gêtêring tyas amba gusti | ngandikan sang katong | nalikanya wau ing pangkate |

--- 1 : 177 ---

saking wisma kerit ing duta ji | amung ngèsthi pati | manawi sang prabu ||

39. angarsakna ingkang pati urip | rèhning rama katong | sakadange nguni ing sedane | akumawa durcarèng narpati | tingkahe tan yukti | ngangge wowor sambu ||

40. dadya kawula punika gusti | trahing dosèng katong | mila sakalangkung ing gêtêre | siyang ratri mung mangajap pati | tansah nganti-anti | timbalan pukulun ||

41. inggih mundhut ingkang pati urip | kawula sang katong | sampun saos ing asta kalihe | sintên ingkang sayogya darbèni | pêjahe pun dasih | pan amung sang prabu ||

42. duka karsa maring wadya kang lit | sayêkti sang katong | amisesa nadyan [nadya...]

--- 1 : 178 ---

[...n] saisine | sadayanya purèng Sriwêdari | mung paduka gusti | kang among amêngku ||

43. duk samana kang samya miyarsi | ature sang anom | rênyuhing tyas karêrantan kabèh | maring Prabu Arjuna ing nguni | samya brêbês mili | kasmaran kalangkung ||

17. Asmaradana

1. ya ta ingkang para dasih | samya nabda jroning nala | adhuh nyawa putraningong | dene têka kawlasarsa | tegane kang têtinggal | muga-muga jawata gung | paringa nugrahanira ||

2. marang putrèng Sriwadari | iya Radèn Kartanadya | benjang jumênênga katong | kathah yèn ingucapêna | trênyuhe para wadya | mangkana malih umatur | dyan putra maring sang nata [na...]

--- 1 : 179 ---

[...ta] ||

3. dhuh pukulun sri bupati | manahipun Kartanadya | duk praptèng byantara katong | samêndhang botên anyana | lamun nyiptaa gêsang | amung sumungkêm sumujud | gusti pangèdhêpan amba ||

4. sakathahipun kang sisip | patikbra nyuwun aksama | sisiping sudarmaningong | lan sisiping jasat amba | nuwun dèn dasihêna | ngandika alon sang prabu | sarwi nênga nênggak waspa ||

5. adhuh nyawa putra mami | pun bapa nuwun prasêtya | amung sira yogyaningong | benjang jumênênga nata | anèng Batukawarsa | sira ingkang darbe masku | kapraboning ramanira ||

6. yêkti tan bêbakal kaki | nanging mêngko putraningwang | payo sun gawa nak ingong | seba mring nagri [na...]

--- 1 : 180 ---

[...gri] Ngastina | sinaua suwita | dimèn kauningan kulup | marang kangjêng sri narendra ||

7. wikana sri narapati | yèn sira kang darbènana | ing Batukawarsa anggèr | apan sira wus diwasa | pantês jumênêng nata | anèng Sriwêdari kulup | rahadèn matur sandika ||

8. sang nata ngandika malih | kaki ing wawêkas ingwang | sira benjang putraningong | iya manawa katampan | kulup suwitanira | marang kangjêng sang sinuhun | dhuh anggèr dipun waspada ||

9. marang ugêring andasih | dèn bisa anuju karsa | lawan aja laran atèn | luput kaki wong ngawula | yèn darbea sak ing tyas | miwah tan bisa anuju | ing akrsane sri narendra ||

10. yèku tiwasing pangabdi | tuna kawruh dadi sêsak [sê...]

--- 1 : 181 ---

[...sak] | nora manjing ajur-ajèr | luputa padha sapisan | paitan tanpa tuwas | panêdya anguyu-uyu | sayêktine wus kangelan ||

11. abot kaki wong andasih | prihên kênane sapisan | kalamun sira waspaos | salamine kabênêran | kinawulan mring rowang | sakarsa-karsane antuk | sasat milu bapa biyang ||

12. tan ana rêntênging galih | yèn kabênêran sapisan | sasat milu wong tuwane | lamun wus antuk paitan | dènira angawula | kari bathine angumbuk | saurip tan kêna têlas ||

13. jêr don-adone wus manjing | ewa mangkono nak ingwang | ing rèh tan kêna kasuwèn | elinga salaminira [sa...]

--- 1 : 182 ---

[...laminira] | paitane wong gêsang | sasana ing badanipun | yèku rowange ngawula ||

14. èsthinên raina wêngi | dipun kongsi kasat matan | nguda-uda tabêrine | kurang kawruh dadi tuna | kadi maring pakaryan | upamane wong prang pupuh | wajib gêlare tan owah ||

15. gêgamane warni-warni | senapatine utama | iku abot sêsanggane | yèn kewran barise obah | senapatine giras | tinêmpuh barise kuwur | mangkono lamun ngagêsang ||

16. badan gêlarira urip | manggala manah kang enak | kalamun manah kalêson | lawan kasandhangan uwas | atine banjur giras | nêmpuh byat maring laku dur | tan wurung sampyuh lan badan ||

17. yèn badane sirna [sir...]

--- 1 : 183 ---

[...na] kaki | dadi rusak ingkang gêlar | wus cinupêt lêlakone | jêr senapatine ilang | senapatiku napas | badan ilang napasipun | cupêt datan winicara ||

18. lah iku elingên kaki | ana maning yèn ngawula | kang aran suwita anggèr | iku dudu sri narendra | kang padha sinuwitan | dene kulup sang aprabu | ingkang aran pangengeran ||

19. dununge suwita nênggih | marang rowange ngawula | sinusupan sakarsane | kinulit daging dinarah | amrih milutèng rowang | yêkti tunggal dadi campur | sasat atunggal sayayah ||

20. tan ana anggraitani | karsa ala ingalanan | yêkti adoh kang mangkono | wruhanira pangawulan | nadyan sirantuk manah |

--- 1 : 184 ---

maring kangjêng sang sinuhun | ingugung ingêla-êla ||

21. pinarcayan sinungan sih | sinungsung tan sita-sita | yèn tan antuk lan rowange | iku asih sêsampiran | gunane mung sakêdhap | nuli ana kang sêsiku | sakêdhik nora patia ||

22. nulya rowangira sami | ingkang antuk sihing nata | sayêkti biyantu kabèh | ing sêsiku sri narendra | matur padha mrih ala | nora kewran karya luput | tan wande silêming praja ||

23. jêr ratu atining bumi | iya pêpakuning jagad | batur rowang iku kabèh | sisipe mring wong akathah | pae lawan kang wikan | ing rèh dèn sarèh ta kulup | kang antuk gusti lan rowang ||

--- 1 : 185 ---

24. kabèh padha wêdi asih | sanadyan silih antuka | sakêthi sikuning katong | tantular ing badanira | jêr rowang kang amirma | yêkti lilih dukanipun | kabyatan sihing ngakathah ||

25. abot kaki wong andasih | tan wong siji kinawulan | kudu pinangeran kabèh | kang kumêlip kang angucap | kang kungkulan ing nata | kawulanana sadarum | prihên lêstari ing tingkah ||

26. wruhanira anak mami | pambêkan ingkang tumitah | yaiku padha karêpe | tan ana kang beda-beda | lawan nora anêdya | purun asor ing pangawruh | milane dipun waspada ||

27. ugêring urip puniki | aja ngêgungkên sarira | sumbunging tyas tanpa gawe |

--- 1 : 186 ---

ngrasa tan ana kang madha | gung luhur pangawikan | ingsun dhewe kang pinunjul | iya ingsun kang widakda ||

28. bawa sun dhewe linuwih | sapa ingkang kaya ingwang | kang mangkono dipun adoh | iku pikir pandarakan | kaki pangidhêpira | ing jawata kang linuhung | yêkti akèh titahira ||

29. datan ngêmungkên sawiji | kang sinèrèn pangawikan | kagunan miwah kasaktèn | pêpangkataning nugraha | yêkti sami kewala | luhur malih ana luhur | kang wirya-wirya tan kurang ||

30. gêdhe ana gêdhe malih | kang guna-guna ya kathah | mulane tumitah kiye | èngêta titipaning Hyang | lamun sinung nugraha | dudu sira kang anêbut | iku pamawasing liyan ||

31. têtêpe ingaran luwih | jêr wus sinêbut ing kathah | satuhu yèn punjul [punju...]

--- 1 : 187 ---

[...l] dhewe | yèn mung uni sasongaran | ala-alane jalma | wong ngawula tanpakantuk | lawan karsaning sri nata ||

18. Sinom

1. ya ta Radèn Kartanadya | Rajaputra Sriwêdari | sadangunira miyarsa | wêwulange sri bupati | tumungkul matur aris | ing nata sarwi rawat luh | linuluh sariranya | dhuh kangjêng sri narapati | kang pinasthi dadya pangeran kawula ||

2. mugi pun patik sagêda | ngèstokkên dhawuh sang aji | prasasat dhawuh kaping pat | mandrês sabda mrih basuki | nêdya anglaksanani | pun Kartanadi pukulun | mirib kang pangandika | ingkang ngumala linêwih | wawêkase sagunging kang kautaman ||

3. pukulun yèn makatêna | jêng rama prabu ing nguni | sakadange tanpa guna | nir wasitaning dumadi | têmahan nêniwasi [nêniwa...]

--- 1 : 188 ---

[...si] | salamine kirang kawruh | wruhe angayawara | milane linampu lalis | tanpa rungu ing wêwarah aru-ara ||

4. ngandika Sri Citrahoya | iku nora kêna kaki | tinutuha ramanira | ênggone amasang sandi | kongsi anêniwasi | yèku prajurit pinunjul | miwah Patih Suwănda | nêtêpi santosèng budi | satriya di tinêmah mati ing rana ||

5. wong ingandêl ulah praja | kang kadi Suwănda Patih | santosa ulah wiweka | wani aprang wani mati | mung kurang ngati-ati | kagupuhên ingkang kayun | nanging luwih prayoga | lamun ingandêl narpati | pambêkannya ngrungkêbi labuh nagara ||

6. saking sru rumêksanira | ing kagungan sri bupati | ambêking [ambê...]

--- 1 : 189 ---

[...king] niyaka tăntra | kang kaya Suwănda Patih | ing driya nora gingsir | ing rèh prawira pinunjul | amung ta kurang timbang | kang dadi lawaning jurit | mung sajumput wani amungsuh sajagad ||

7. paran kinarya mênanga | kulup pira tosing wêsi | pinalu sakêthi praja | yêkti ajur tan ngundhili | mulane dipun eling | kaki suwita ing ratu | dèn bisa amèt măngsa | angon antaraning mangkin | tabêria amawas ing kawêkasan ||

8. ingkang sinêbut utama | iya kang wruh ing wahini | sadurunge kinawruhan | praptaning don nora sisip | wani têkan panitis | solah tindak lawan tanduk | dêduga mardi basa | kabèh wus winêngku sami | nora angèl tibane nèng pasamuan ||

9. mangkana

--- 1 : 190 ---

kang samya myarsa | para wadya Sriwadari | marang pangandika nata | samya ngungun brêbês mili | asru gagêtun sami | ing solah kang wus kabanjur | ing mangke sami nêdya | anut sabdane sang aji | amangikêt ing driya amrih utama ||

10. têkan wadyaning punggawa | kang miyarsa arsa mirib | ing dhawuhe sri narendra | ênir tyasnya kang mrih sisip | bêbêg wong sanagari | gambira maring rahayu | kayungyun kaèngêtan | ingkang kasaban ningali | pan mangkana sang nata malih ngandika ||

11. hèh kulup lamun sêmbada | babo ing tyasira kaki | lah alapên putraningwang | kang aran Ni Citrawati | kagarwaa sirèki | dadi iya nora tanggung | gonira amèt bapa | maring sun tan nguciwani [nguci...]

--- 1 : 191 ---

[...wani] | Radèn Kartanadi umatur sandika ||

12. nênggih enggaling carita | samana ing Sriwêdari | karamèn miwaha putra | anutug kasukannèki | drawina amênuhi | sang prabu suka kalangkung | bangkite sri narendra | dènnya mèt sih mirapêti | amèt mantu putrane Arjunapatya ||

13. dhinaup lan putranira | wanodya ayu rêspati | karsane Sri Citrahoya | ngiras ambêbungah dasih | kinumpul dèn ayuni | ingajak bojana nayub | nutug sukaning karsa | lamine datan winarni | sri narendra lajêng parentah samapta ||

14. tata kabèh kang binêkta | pèni-pèni Sriwêdari | sagung ingkang rajabrana | gurubakal gurudadi | kabèh sajroning [sa...]

--- 1 : 192 ---

[...jroning] puri | winêdalakên sadarum | badhe katur sadaya | dhumatêng Ngastina nagri | ewon kêthèn yutan minăngka jarahan ||

15. sampun arakit sadaya | tuwin jêmpana kêkalih | badhe titihan sang rêtna | kang satunggil tinitihi | Sang Rêtna Citrawati | putranira sang aprabu | kang mêntas pinangantyan | umiring mring rama aji | wus miranti sapraja kang para wadya ||

16. pinatah sampun sanengga | tuwin kang kari ing wuri | mangkana Sri Citrahoya | nimbali putranirèki | Sang Dèwi Citrawati | wus sarêng lan garwanipun | rahadyan Kartanadya | prapta ngarsaning rama ji | sakalihan sarêng mêndhak ngaras pada ||

17. sang nata alon ngandika | babo putraningsun nini | milua ing lakinira | marang nagri Ngastina [Ngasti...]

--- 1 : 193 ---

[...na] di | ywa pisah sira nini | anuta paraning kakung | lawan pitutur ingwang | nyawa dèn bisa akrami | kawruhana nini tiwasing wanodya ||

18. iya rèhing wong akrama | tuna tiwasing pawèstri | kang weya ing badanira | kurang rumêksane nini | ana alane malih | kumawawa maring kakung | sukan yèn kaungkulan | mring priya nêdya anindhih | pan sakêdhik wacana lumuh kasoran ||

19. iku setan lenggot bawa | padha nyana antuk kardi | nuli karêm maring paran | anyatur alaning laki | tanpa wis sabên ari | nini kang mangkono iku | èstri kêna ingaran | jaja badane sayêkti | panêdhane ingalêma marang liyan ||

20. saking tiwase wong ika |

--- 1 : 194 ---

iya lamun sami èstri | kang padha angalêmbana | mênèk priya liyan nini | milu ngalêm ngrujuki | yêkti antuk dosèng kakung | yèku jinis wong cacat | saru sabaranging bumi | kang mangkono yogya nini singkirana ||

21. wruhanira putraningwang | papa cintrakaning èstri | tanpa ingêmong wong priya | dadya pocapaning janmi | katon alanirèki | yèn alumuh maring kakung | nora priyane ika | kang padha rinasan sisip | sayêktine amung alaning wanodya ||

22. pasthi kêna ing rêrasan | acacat kang catur warni | yèn wanodya kang mangkana | kang dhingin candhalèng budi | lumuh pangrèhing laki | dene kaping kalihipun | manawa darbe cacad | apês pangolahing èstri | kaping tiga tinarka wong yèn mangkana ||

--- 1 : 195 ---

23. mêdharkên wadining priya | karya tiwasing aurip | dene ingkang catur warna | ala rêrasaning janmi | saking karêm alaki | karêm kurang maring kakung | kumudu salin priya | dhuh nyawa nini dèn eling | aja pisan nini karsa kang mangkana ||

24. wardayanta putraningwang | gadhuhna marang ing laki | pasraha sajiwa raga | nadyan tumêka ing pati | yèku luwih utami | ngêsyasana anèng kakung | sèwu ingaran guna | wanodya mangkono nini | nora larang sinudarsana ing jagad ||

25. sanadyan silih antuka | mêmaru sakêthi putri | aywa sira darbe êsak | luput jênênging pawèstri | mambêng karsaning laki | iku wêwirang angumbuk | wêwadi kang rinêbat |

--- 1 : 196 ---

prandene kudu ngijèni | kadyarsaa ing liyan dadya pocapan ||

26. saijab alaning ala | sasat lalêthêk sukrêjis | ingkang sinêbut utama | pan iya catur prakawis | ugêring wong akrami | èngêta salaminipun | mendah anêtêpana | saloka kang catur warni | nora tuna dèn êtohi samodra rah ||

27. kang dhingin nandhanga wuta | lire ywa duwe pangèksi | liya lawan kakungira | nadyan ala lawan bêcik | netrèku mêmengini | amêmarah maring luput | sêdhêng luwih prayoga | nanging liya maring laki | nora wurung antuk sêsikuning priya ||

28. dununge paningalira | mawasa karsaning laki | dadya bangkit mamèt măngsa | dene [de...]

--- 1 : 197 ---

[...ne] ingkang kaping kalih | darbea gêrah tuli | lire tuli tanpa ngrungu | sakèhing pamiyarsa | iku anênangi budi | nora bêcik lamun suwita ing priya ||

29. salah wèngwèng pamiyarsa | iku luputing akrami | ngêndhokkên sabarang karya | nênungkul suwitèng laki | dene warna kaping tri | nini anandhanga bisu | liring bisu wacana | kang cinêgah dèn wêriti | aywa kongsi kapugut tanpa ukara ||

30. barabah karêm paguyyan | aja dumèh bisa angling | wanodya nora prayoga | karya weyaning akrami | sayêkti antuk sisip | pangulah suwitèng kakung | dene warna kaping pat | nandhanga lumpuh sirèki | lire lumpuh iku nyêgah lumaksana [lumaksa...]

--- 1 : 198 ---

[...na] ||

31. aywa karêm kalangênan | kakesahan tanpa kardi | atuna bêktining priya | watêke lamun pawèstri | kêkêrêpên lumaris | tanpa măngsa sabèng lurung | kathah karsane uga | lawan solahe tan bêcik | pae lawan pajagan adola karya ||

32. wawratên sariranira | mulane ngaran priyayi | iku pilihaning janma | tuwin èngêta sirèki | tinitahakên èstri | yêkti kawêngku ing kakung | aywa adarbe karsa | anuta sarèhing laki | nadyan silih jêjodhon lan punakawan ||

33. jêr iku suwarganira | wus pinêsthi gurunadi | wênang amisesa sira | lawan elinga sirèki | tan tulus sira nini | tinunggu marang wong sêpuh |

--- 1 : 199 ---

wêkasan padha pisah | mulane dipun nastiti | dèn kayungyun marang mêmanising priya ||

19. Dhandhanggula

1. wus cinêndhak wulange sang aji | mring kang putra risang pinangantyan | sampun munya têngarane | para wadya gumuruh | wus samapta badhe lumaris | samana tan winarna | ing antaranipun | Sang Aprabu Citrahoya | abudhalan sagarwa putranirèki | miwah kang wadyabala ||

2. tri gumuruh swaraning kang baris | asri kawuryan samarga-marga | datan winarna lampahe | ing Ngastina wus rawuh | duk samana nuju marêngi | ing dina pasewakan | păncaniti pênuh | sang nata miyos sewaka | pêpak sagung para nata para ari |

--- 1 : 200 ---

tan pae lan sabênnya ||

3. Sang Aprabu Citrahoya aglis | laju marêk ing byantara nata | ngirit jêmpana kalihe | Sri Krêsna kagyat dulu | angandika sirèku prapti | bagea Citrahoya | anèng ngarsaningsun | nuhun Sri Batukawarsa | lajêng matur sarèhing dinuta nguni | wiwitan awêkasan ||

4. kongsi praptèng miwahaning siwi | sri bathara suka amayarsa[5] | nata alon timbalane | jêmpana kalihipun | lêbêtêna sajroning puri | sigra sami tumandang | wus manjing kadhatun | Sri Krêsna malih ngandika | brana iku karyanên busanèng nagri | iya Batukawarsa ||

5. lawan sira lumungsura mangkin | mring mantunira Si Kartanadya | iku wajib ingkang [ing...]

--- 1 : 201 ---

[...kang] duwe | sira dadia ratu | Parangguwa luwih prayogi | padha saking wong tuwa | Citrahoya Prabu | umatur sumanggèng karsa | duk samana sampun ingestrenan sami | adêge kalihira ||

6. Prabu Kartanadi Sriwêdari | Prabu Citrahoya Parangguwa | sampun sumujud kalihe | langkung asuka nuhun | wus mangkana sri narapati | jêngkar kundur ngadhatyan | bubar para ratu | amakuwon sowang-sowang | Prabu Citrahoya lan mantunirèki | anunggal pakuwonnya ||

7. wus mangkana kang cinatur malih | pramèswari ing Batukawarsa | nênggih wus dhinaubake | lawan Arjuna sampun | rarênggane datan winarni | sang dyah lawan Sang Parta | samya sukanipun | tan pêgat manungku raras |

--- 1 : 202 ---

ing sadina-dina anggung akaron sih | sinihan ing sakarsa ||

8. upama kang mintuna lan mimi | dènnya kadarpèng turidasmara | amoring tyas karongrone | ri sêdhêngnya jinurung | sinêmbadan panganti-anti | milandon gung asmara | sakarsa tinutug | tansah dènnya pulang raras | karasikan pan kadya nganyar-anyari | sang dyah lawan Arjuna ||

9. lir sudama sinawung ing sasi | yayah yyanging kumala kalihnya | dènnya lumêkêt alèngkèt | kêkêt lir pendah pulut | pêpulêtan wilêting kang sih | dahat karagan-ragan | wus tan ragu-ragu | wêwekane nora nana | Sang Arjuna lawan Dèwi Citrahoyi | putri ing Parangguwa ||

10. sruning lami samya nandhang kingkin | ing samêngko [samêng...]

--- 1 : 203 ---

[...ko] lagya katutugan | tumarêcêp sakarone | mangantu-antu antuk | kadurusan graitanèki | kinawruh pêngarahnya | tinuwuk winantu | têntrêm kongasmarèng tilam | tan winarna lamine dènnya karon sih | sinihan lawan garwa ||

11. duk samana nuju salin warsi | taun surya nênggih kang kaetang | winuwusa sangkalane | catur gunaning wiku |[6] taun căndra mangke winilis | wiku gatining arga |[7] ya ta tan winuwus | nêngna nagari Ngastina | kawuwusa wontên ratu sura sakti | agêng nagarinira ||

12. pan kinacèk samaning narpati | binathara Ngimaimantaka | nagri jêmbar jajahane | gêmah arja kalangkung | nênggih ingkang jumênêng aji [a...]

--- 1 : 204 ---

[...ji] | Niladatikawaca | namane sang prabu | ing nguni ingkang pêputra | Sang Aprabu Niwatakawaca Aji | ing Imaimantaka ||

13. Prabu Niladatikawaca Ji | sumbagèng rat prakosèng ayuda | widagda ing satru kabèh | mangkana sang aprabu | nuju dina măngsa tinangkil | pêpak wadyabalanya | manungsa lan diyu | patih kalih munggèng ngarsa | mantrimukya manungsa namanirèki | anênggih pun karyanya ||

14. patih raksasa namanirèki | Kala Wedha sami prakosanya | ing yuda pilih tandhinge | miwah panêkaripun | sami guna pratamèng jurit | tate nguwisi karya | nalika ingutus | ngingkut jajahaning mêngsah | bêdhah praja ulihe amboyong [ambo...]

--- 1 : 205 ---

[...yong] putri | kabèh punggawanira ||

15. wus mangkana dènira tinangkil | Sang Prabu Niladatikawaca | siniwèng wadyabalane | supênuh munggèng ngayun | pra punggawa satriya mantri | ditya lawan manungsa | samya bêk gul-agul | kadya mangajap ayuda | ya ta wau sang yaksa dipa lingya ris | marang patih manungsa ||

16. hèh sira wruh patih kang pawarti | narendrane nagara Ngastina | sapa ingkang nurunake | kya patih nêmbah matur | inggih amba mirêng pawarti | apan kadangnya tuwa | lawan pun Partèku | nama Prabu Yudhisthira | ing pawarta ratu ambêg santa budi | budiman paripurna ||

17. yêksa nata angandika aris | hèh apatih mêngko karsaningwang | padha samaptaa kabèh |

--- 1 : 206 ---

pan ingsun arsa nglurug | mring Ngastina malês pêpati | mrawasa Si Arjuna | sun sirnakne besuk | iya saking ngarcapada | duk ing nguni ramaningsun kang matèni | Si Parta satruning rat ||

18. prange anèng suralaya dhingin | nalikane minta Dyah Supraba | Si Parta asalah gawe | milu nanggulang pupuh | kangjêng rama praptaning lalis | ing mêngko karsaningwang | kabèh wadyaningsun | padha samaptaa yuda | tur sandika sadaya wus amiranti | wadya lit lan manungsa ||

19. sawusira samaptèng ajurit | sagung wadya Ngimaimantaka | bala wil lan manungsane | sigra budhal sang prabu | tri gumuruh swaraning baris | yayah manêngkêr wiyat | kang katrajang gêmpur | wana têmah ara-ara | sato-sato

--- 1 : 207 ---

lumayu nêbah sing margi | giris mulat ing ditya ||

20. aru-ara sajroning wanadri | gêmpur tumpur rusak kasulayah | miris para rêsi kabèh | dene patapanipun | kaèbêkan wadya rasêksi | kruraya angrêrayah | ngrêrusak arusuh | dene kang bala manungsa | nut ing gusti anêdya angrêrusuhi | ajrih têbah ing nata ||

21. tan winarna lampahirèng margi | sampun prapta jajahan Ngastina | tan taha baris solahe | lajêng nyêlak angêsuk | ambêbahak samargi-margi | ngrêrayah angrêrusak | gègèr urut dhusun | samya ngungsi jroning praja | giris mulat praptaning bala rasêksi | busêkan asasaran ||

22. wus kawarta sajroning nagari |

--- 1 : 208 ---

lamun wontên mêngsah agêng prapta | tanpa wilangan balane | wadya tamping lumayu | tur uninga marang sang aji | nuju miyos sewaka | păncaniti pênuh | balabar kang wadyabala | lir samodra wutah ngêlêbi wanadri | untabing wong Ngastina ||

23. ingkang samya aniwèng narpati | para ari lan raka kalihnya | miwah wadyabala andhèr | ngalun-alun lir mêndhung | angêndhanu nglimputi bumi | tuwin kang busanabra | yayah kuwung-kuwung | mangkana palayunira | mantri tamping wus prapta byantarèng aji | umatur awotsêkar ||

24. dhuh pukulun patik jêng narpati | sri batharamba ngaturkên pêjah | inggih saking sru tiwase | wontên mêngsah gêng rawuh | warni ditya langkung sinêkti |

--- 1 : 209 ---

lajêng angêpang kitha | ing sawadyanipun | ing mangke gusti kawula | ngatas karsa paduka inggih manawi | kang mêngsah sêlak dadra ||

25. solahing ditya anggêgirisi | arda puwa-puwa angrêrusak | gusti yèn kinèndêlake | tan wande lajêng gêmpur | kunêng turnya kang têngga tamping | ya ta Sri Yudhisthira | kagyat duk angrungu | gugup Sri Bathara Krêsna | sigra dènnya parentah kang para ari | miwah kang wadyabala ||

26. Prabu Baladewa dèn aturi | mapagêna ripu ingkang prapta | lawan Sang Sena kanthine | sakawan sang aprabu | ing Mandraka sami tinuding | kinèn sami maguta | yudane kang mungsuh | kalima sira Sang Parta | kanêmira Radèn Sêtyaka lan malih | Sang Prabu Lesanpura ||

27. Prabu Praswapati [Praswa...]

--- 1 : 210 ---

[...pati] Gilingwêsi | Sayakèsthi ing Mukapratala | lan Rajèng Sriwêdarine | Sri Kartanadi Prabu | lan mrasêpuh Sri Citrahoyi | natèng ing Parangguwa | samya kinèn magut | miwah wadya duratdara | pan dalêdêg prajurit kang para aji | gul-aguling Ngastina ||

28. tur sandika sadaya para ji | sri narendra kundur angadhatyan | Prabu Baladewa age | apêpak punggawa gung | para nata lan para ari | sawusira samapta | lajêng têngara sru | obah ingkang wadyabala | kadya bêlah akasa rêg gonjang-ganjing | kancikan baris tata ||

29. wadyabala Ngastina gung alit | datan ana kang nêdya kariya | suka milu magut kabèh | saking sru suranipun | wus mangkana budhaling [budha...]

--- 1 : 211 ---

[...ling] baris | gumuruh swaranira | kadi guntur kêtug | asri busananing aprang | umbul-umbul daludag dinulu asri | yayah pawaka ngampar ||

30. tan winarna lampahirèng baris | sampun prapta jawining nagara | obah kang mêngsah wadyane | gumêrêh[8] rêbut dhucung | amrih papan anata baris | ya ta Sri Baladewa | saksana angutus | wadana kinèn nêlika | maring mungsuh têka ngêndi lawan malih | ngawasêna ing gêlar ||

31. kang dinuta wus mentar tan aris | sampun momor pabarisan mêngsah | tan antara wangsul age | sadaya wus kacakup | lajêng matur maring sang aji | sing Ngimaimantaka | dene gêlaripun | awantah tanpa tinata | dêstun amung barubuh badhene [ba...]

--- 1 : 212 ---

[...dhene] gusti | têledhor tanpa gêlar ||

32. wus amajêng baris kang umijil | ya ta wadya mêngsah tur uninga | marang ing senapatine | lamun bala jro mêtu | samya ngatas karsaning gusti | punapa lajêng mangsah | mung ngantosi dhawuh | sigra katur ing sang nata | Sri Bupati Niladatikawaca Ji | parentah kinèn mangsah ||

33. sampun wangsul caraka nulya glis | aparentah kinèn amagut prang | sasmita têngara age | sauran tri gumuruh | kêndhang gonge asru tinitir | bèrinya mawurahan | sigra mangsah ngamuk | wadya jro kitha wus mulat | lamun mungsuh mangsah singanabda gumrit | ambyuk bala Ngastina ||

34. angêbyuki kang bala rasêksi | gumaludhug lir paguting arga | sarêng wor yuda kalihe | golong pipit [pi...]

--- 1 : 213 ---

[...pit] gumulung | lêng-ulêngan gantya mangungkih | kukuh kakah-kinakah | kathah kang kasambut | kapupu ing adilaga | wadya ditya kaprawasa mor ing jurit | ngisis yuda kênaka ||

 


driya. (kembali)
Lebih satu suku kata: laju sami kasukan ngênting. (kembali)
mijil. (kembali)
pangkoning. (kembali)
amiyarsa. (kembali)
Tanggal: catur gunaning wiku (734 taun surya). (kembali)
Tanggal: wiku gatining arga (757 taun căndra). (kembali)
gumêrèh. (kembali)