Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 30–39)

Judul
Sambungan
1. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 20–29). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 30–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 40–49). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 09-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

30. Dhandhanggula

1. Bratasena angandika malih | dene ingkang karêm maring tapa | nanging sêpên pangawruhe | iya tan darbe luput | jêr pikantuk [pi...]

--- 1 : 321 ---

[...kantuk] jamaning urip | mila dipun anêdya | tunggale puniku | kawruh lawan tarak brata | luwih saking prayoga jisim puniki | arja têkèng wêkasan ||

2. kang têtèki ugêring aurip | busanani kamuksan punika | mrih kasamaptan jisime | aywa tiba ing saru | lamun datan mangkono ugi | kasêbut tan utama | kamuksanirèku | jisime yêkti kapiran | dene muhung pinilih ingkang sawiji | kalêbu tanpa ngrasa ||

3. ngandêlakên têtèkinirèki | nora amrih kawêkasanira | benjang prapta kamuksane | pama gêni kang murub | nora obah lawan tan mosik | sanadyan arsa molah | wong

--- 1 : 322 ---

durung sumurup | paran ginawe molaha | gêni tanpa sêsorot yêkti tan dadi | dipaning pramudita ||

4. ngamungakên kamuksan ya sisip | tanpa olèh marang kang tinilar | dadi mèh datanpa gawe | lire kang tanpa laku | ngamungakên badan pribadi | mastyakkên ing kaanan | de ta nuli sampun | wong wus wruh sajatinira | kamulyaning ana jaman jroning pati | prandene maksih awrat ||

5. tur saijab kamulyaning pati | maèwu-èwu lawan ing dunya | têka maksih sungkan bae | yèn durung jangjinipun | mila sami dèn ngati-ati | kawruh kalawan lampah | dipun mrih akumpul | tan kewran sakarsa-karsa | wasistha mrih bisa mati jroning urip | uripe salaminya ||

6. dene ingkang janma sangêt pingging | nora kawruh lakune [la...]

--- 1 : 323 ---

[...kune] tinilar | ya mandhêg samono bae | upama we tinutup | nalikane jamaning urip | praptaning kawêkasan | wutah ingkang ranu | balabar maring bantala | sakawruhe ilang asate kang warih | sirna wus tan winarna ||

7. ya ta wau Prabu Harimurti | tuwin kang rayi Sri Yudhisthira | suka kabèh sakadange | dènnya miyarsa wuwus | wasisthane Sang Jodhipati | wèh dêdunung tan ninang | nahên lampahipun | praptèng dhusun Sarahita | sami mulat wontên tiyang nini-nini | nèng têngah patêgilan ||

8. sarwi ngadhêp sumur amèt warih | nanging toyane datan ingalap | lamun wus antuk ingkang we | sinok malih mring sumur | tiyang wau lajêng anangis | sakêdhap [sakê...]

--- 1 : 324 ---

[...dhap] lajêng nimba | malih maring sumur | yèn wus antuk ingkang toya | sru gumuyu alatah kang tirta nuli | sinuntak lajêng mular ||

9. salamine mangkana si nini | ya ta wau sang sri naranata | kagèt kabèh pandulune | samya ngungun kalangkung | kampitèng tyas kang para putri | mulat ingkang mangkana | saksana sang prabu | mrêpêki sawadyabala | atêtanya sang nata maring pun nini | lah nini wus mênênga ||

10. kagyat ingkang dinangu wotsari | asumujut konjêm ing pratala | wruh lamun iku ratune | sang nata lingira rum | sun têtanya mring sira nini | paran ta tingkahira | lan sapa aranmu | dene sira gung mangkana | kayaparan darunane tyasirèki | kang dinangu tur sêmbah ||

11. dhuh pukulun lêpata ing sisip | patikbra purun [puru...]

--- 1 : 325 ---

[...n] imbal wacana | rèhning ngong kinarsakake | wasta amba pukulun | pun Ruminta mila anangis | tingkah kadi wong edan | wontên purwanipun | ing nguni badan kawula | sadèrènge ing prang Bratayuda gusti | kathah dunya kawula ||

12. langkung sangking wawrating wong cilik | kala misih arjaning nagara | sarêng wontên aprang gêdhe | kawula jrih kalangkung | dadya dunya kawula sami | ingungsèkkên sadaya | linêbêtkên sumur | kongsi kêbak dening dunya | ulun tilar kesah ngilang saking ngriki | dupi arjaning jaman ||

13. kawula gusti lajêng nuwèni | dunya kang wontên sumur punika | sampun têlas korang-karèng | samêndhang botên kantun | langkung ngungun kawula gusti | gêgêtun lir matia | mila amba wau |

--- 1 : 326 ---

kagingsir solah mangkana | dhuh pukulun paduka kang mugi-mugi | pêparinga papriksa ||

14. sintên ingkang wajib anjampèni | susahe atining wong sajagat | yêkti sang nata kang darbe | sayogi wèh pitulung | raharjaning kang bumi-bumi | jêr tan ana sinambat | amung sang pukulun | wau ta kang para nata | duk miyarsa sami ngungun jroning galih | dene ta kaelokan ||

15. angandika sang sri narapati | hèh Ruminta sira aywa susah | ingsun ingkang ngulihake | kabèh dunyanirèku | iya ingsun ingkang nglironi | pira kèhe brananta | Ni Ruminta matur | langkung panuwun kawula | pinaringan ganjaran sihing dewaji | nanging kirang pariksa ||

16. pan sadaya inggih sihing gusti | botên [botê...]

--- 1 : 327 ---

[...n] mêdal adiling nagara | badhe atilar titine | wisesane siningkur | dhuh pukulun kangjêng dewaji | mênggah panyuwun amba | dèn samia mantuk | mêdala saking wisesa | sampun kongsi kêkirangan saking adil | karya rêtuning jagat ||

17. sapintên ta kakucahing gusti | wus wajibe ing sadina-dina | ratu dana wus agême | wau ta sang aprabu | duk miyarsa langkung prihatin | lênglêng kewraning driya | ya ta malih matur | Ni Ruminta sarwi nêmbah | dhuh pukulun mugi dèn pariksa sami | isining praja tuwan ||

18. lamun datan tinitik tiniti | têmah risak kang amrih raharja | kalindhih dening panggawe | ing wong nêdya laku dur | lêbda jiwa kang ulah juti | karya pêtênging jagat | pijêr awèh rusuh |

--- 1 : 328 ---

mèsêm padmi Madukara | wus kabuka graitane amrih niti | mingsêr lajêng anyêlak ||

19. sigra matur Sumbadra wotsari | dhuh pukulun kakang sri narendra | lêrês pun nini ature | pun Ruminta pukulun | pan samêndhang tan wontên sisip | yèn paduka kewrana | ugêring kaprabun | atilar titi pariksa | botên wande pijêr dahuru ing bumi | ngajapakên drigama ||

20. ingkang kadi ature pun nini | pan samêndhang tan ana kang gothang | yèn ratu ngapura bae | tilar wisesanipun | tangèh lamun pariksa dhingin | mendah wonge dursila | angêbêgi lurung | sona lêstari solahnya | jêr amawas ratune apindha rêsi | atilar wêsiasat ||

21. nuntên tinular-tular wadya ji | wontêna kang

--- 1 : 329 ---

darbe ambêk darma | yêkti sumambranèng gawe | jêr ratu pindha wiku | graitane tan antuk runtik | tutug sapolah-polah | nanging ta pukulun | wontên utamane uga | yèn sang ratu angugêmi ambêk rêsi | amrih sukaning wadya ||

22. ratu iku wus mumpuni bumi | atambuha mring dabèking wadya | kang bêcik aywarsa pinèt | sapa kang kaya ratu | nora kewran amrih linuwih | tan sarasaning wadya | lêluwihing ratu | sayêkti narakanira | wiragane karya busanèng nagari | kasub kaonang-onang ||

23. tinut umèng saliyan nagari | wontên malih rêsi prayoganya | sanityasa sadinane | gêng lalawora wuruk | amrih sampun salaya budi |

--- 1 : 330 ---

sagotra sudarsana | ing sabda pukulun | ing wêkasan abipraya | sabiyantu ing karsa nutug pakolih | punika yèn sêmbada ||

24. mênggah pun Nini Ruminta mangkin | jêng paduka lajêng parentaha | nimbali kiwa têngêne | tiyang cêlaking ngriku | jalu èstri aja na kèri | yèn sampun sami prapta | paduka dhêdhawuh | amundhut sumur punika | lawan kinèn anglêbêti brana sami | dipun kongsia kêbak ||

25. nanging tuwan paringa gêgiri | lamun ana wong tan mituhua | rinayah bale omahe | yêkti ngriku pukulun | kawistara kang laku juti | lan malih nimbalana | wong Sarahitèku | satunggig[1] minăngka tăndha | dinangua tuhu dorane si nini | yêkti ana kang wikan [wika...]

--- 1 : 331 ---

[...n] ||

26. duk samana sang sri narapati | Prabu Krêsna dènira miyarsa | Wara Sumbadra ature | kalangkung suka ngungun | sukanira dene kang rayi | bangkit bengkas wicara | ing pangungunipun | bêkta si nora kayaa | dene iku wanodya budine luwih | eman tan dadi priya ||

27. Sang Arjuna amèsêm nèng wuri | langkung suka dènira miyarsa | bijagsanane garwane | sang nata amituhu | wus parentah kinèn nimbali | tiyang ing Sarahita | praptèng ngarsa prabu | dinangu ing wastanira | lawan malih dinangu lamun udani | donyane Ni Ruminta ||

28. kang dinangu umatur wotsari | kawula gusti nami pun Gêna | inggih tiyang panunggile | pun Ruminta pukulun | inggih nguni tuhu

--- 1 : 332 ---

yèn sugih | langkung sangking akathah | sasamining dhusun | duk dèrèng prang Bratayuda | dupi sampun têntrêm dahuruning jurit | kawula tan miyarsa ||

29. sukèng driya Bathara Krêsna Ji | dènnya kaya sira Ni Ruminta | têtela kasugihane | sigra nata dhêdhawuh | animbali tiyang kapering | kang cêlak Sarahita | kiwa têngênipun | kang dinuta sigra mentar | tan antara sigra praptèng byantara ji | saksana dhinawuhan ||

30. nora gethang ature kang rayi | sampun pinarentahkên sadaya | kabèh sandika ature | ajrih antuk babêndu | dadya sami ngusung-usungi | asêlur angrêrêmbat | kathah warnanipun | gana lawan kakêthokan | myang busana sampun cinêmplungkên sami | ing jro sumur sadaya ||

--- 1 : 333 ---

31. tan antara sumur kêbak malih | dunya pulih sarêng sanalika | Ni Ruminta suka tyase | dadya alon umatur | dhuh pukulun sri narapati | punika darbèk amba | kang ical rumuhun | tan ewah warnine lama | maksih wêtah botên wontên ingkang cicir | tuhu lamun punika ||

32. langkung ngungun kang sami miyarsi | marang sakathahe rajabrana | tuwin tan ewah warnine | Bathara Krêsna muwus | wruhanira kabèh sirèki | kang padha angsung brana | ing sajroning sumur | ya bangêt tarimaningwang | nanging iku kabèh darbèke si nini | kang padha sira alap ||

33. bêcik padha marènana benjing | aja sira laku kadurjanan | mungsuhe umurmu dhewe | amriha [amrih...]

--- 1 : 334 ---

[...a] kang rahayu | nora kurang ngupaya bukti | isining ngarcapada | bukti kabèh iku | sadaya matur sandika | Sri Bathara Krêsna angandika aris | marang Nyai Ruminta ||

34. hèh Ruminta elinga ing wuri | sira iku ginadhuhan brana | marang dewanira dhewe | luwih samining dhusun | bêcik nganggo lumrahing budi | yèn kang budi angeman | maring brananipun | lah iku ta wruhanira | nora wurung sirna pinèt dening bêlis | tan praptèng anak wayah ||

35. Ni Ruminta sandika wotsari | sarwi matur dhuh sri naranata | mugi sagêda ing têmbe | nyudarsanèng sabda yu | inggih dhatêng kawula gusti | lan malih jêng paduka | aparing pukulun | ingkang karya kaelokan | sri bupati aparing pitulung dasih [da...]

--- 1 : 335 ---

[...sih] | pamalêsing kawula ||

36. gusti amba renanipun nguni | têtawur jêng paduka pun Rawan | kawula gusti biyunge | ya ta wau sang prabu | duk miyarsa ngungun ing galih | dadya Nyai Ruminta | pinaringan wuwuh | dunya agung pira-pira | Ni Ruminta suka nuhun awotsari | sang nata wus parentah ||

37. marang sagung wong desa Kapering | nênggih sami kinèn angusunga | barana maring wismane | Nyai Ruminta iku | tur sandika lajêng ngusungi | sawusnya tan winarna | samana sang prabu | bidhal malih saha wadya | ing samarga-marga anggung dènnya gusti | wêkasing kasunyatan ||

38. mila rêmbên sakarsa lumaris | anut lampahe para wanodya | mangkana wau lampahe | sagung kang para ratu | lon-alonan [lo...]

--- 1 : 336 ---

[...n-alonan] samargi-margi | tan tungkul ing rêrasan | mrih rahayunipun | lêstari dènnya sampurna | kasunyatan maring basukining pati | manjing suruping pêjah ||

39. tan winarna lampahirèng margi | nulya prapta dhusun Mantimanta | Sri Pandhawa sawadyane | sang nata sigra nuduh | Arya Sena kinèn nimbali | tiyang ing Manimanta | Sang Sena lumaku | praptaning jro padhusunan | tiningalan sêpên datan ana jalmi | wismane mung satunggal ||

40. alit tinon korine kumunci | pinarpêkan marang Arya Sena | èstu kinunci lawange | ing jro ana wong watuk | Wrêkudara ngandika aris | hèh ingsun wênganana | lawan dipun gupuh | kang anèng jro alon turnya | lah andika sintên kang

--- 1 : 337 ---

aminta kori | Bratasena ngandika ||

41. wruhanira Wrêkudara mami | kang anèng jro alon aturira | dipun agung aksamane | dasih tuwan pukulun | botên sagêd mêngani kori | kawula nandhang papa | cintraka kalangkung | Arya Sena èsmu duka | ponang kori dinêdêl bujat gya manjing | wau ta katingalan ||

42. ana wonge sawiji alinggih | lênguk-lênguk sarwi kakêmulan | anèng ngarsaning patanèn | Sang Sena nyêlak gupuh | lon ngandika asêmu runtik | dènnya tan kinurmatan | hèh sirèku busuk | pagene datanpa krama | ingsun prapta dene ngenak-enak linggih | warnamu kuwarasan ||

43. nalikane ingsun minta

--- 1 : 338 ---

kori | sira warah anandhang cintraka | kang liningan lon ature | adhuh gusti wong agung | sampun tuwan kalintu tampi | pun dasih yêkti papa | milane kêkêmul | nasabi cintraka amba | sadangune matur sarwi angungkabi | kêmule katingalan ||

44. sukunira kêkalih kaèksi | ngandhaping walakang sami pêgat | têngahing pupu prênahe | dadya sinambung kayu | pinêtha lir sadêkung linggih | kayu ginatra sila | mangkana turipun | dhuh gusti inggih punika | sakit amba milamba matur ing gusti | sangêt nandhang cintraka ||

45. duk tumingal Sang Sena tan angling | pan gagêtun dènira dêduka | dadya anyêlak lungguhe | sang kasmala rinangkul | dhuh sirèku kêkasih mami | kaki apuranira [apu...]

--- 1 : 339 ---

[...ranira] | tan nyana katèngsun | lamun anandhang kasmala | tuhu sira kêkasihing jawata di | lah kaki wus kariya ||

46. sun undange kabèh kadang mami | ingkang padha kari anèng jaba | sigra Sang Sena lampahe | tundhuk kang raka matur | saliring rèh wus katur sami | wiwitan lan wêkasan | kang raka angungun | têmah sami kagawokan | sri narendra sadaya sami nêdhaki | wus praptèng wismanira ||

47. Sri Bathara Krêsna anêdhaki | marang ingkang anandhang kasmala | sigra winiyak kêmule | katingal warnanipun | Sri Bathara awas ningali | tuwin kang samya mulat | sagung para ratu | ngandika Bathara Krêsna | hèh sirèku kêkasih ingsun sayêkti | sapa ta aranira ||

--- 1 : 340 ---

48. lah waraha purwanira nguni | iya kaki ing lêlaranira | kang dinangu lon ature | dhuh pukulun sang prabu | pun Anggira wastamba gusti | tiyang saking Malawa | inggih gamêlipun | ratu ing Malawapatya | nalikane gusti amêdali jurit | wontên ing Kurusetra ||

49. ratu kawula nuntên ngêmasi | sarêng pêjah lan dipangganira | pun aswatama gajahe | nalika sedanipun | pan kawula taksih nyêpêngi | titihane turăngga | sruning rame pupuh | pun dasih kenging warastra | nginggil dhêngkul ngandhaping walakang kêdhik | pupu kalih arantas ||

50. pan kawula lajêng ambruk gusti | nuntên wontên marmaning jawata | asih dhatêng kawulane | kuda wau pukulun | inggih ingkang amba cêpêngi | têka sagêt angucap [a...]

--- 1 : 341 ---

[...ngucap] | kadya janma tuhu | makatên pamuwusira | hèh sirèku payo gendhola ing mami | lah mêngko ingsun gawa ||

51. yêkti dadya kamulyanirèki | ana ingkang nuduh kasampurnan | marang sira besuk têmbe | nuntên kawula anut | gumandhul ing kêkapa nênggih | pun kuda lajêng mentar | lumêbêt ing dhusun | kawastan ing Mantimanta | ingkang ulun dunungi punika gusti | nanging suwung kewala ||

52. sampun lami labête asêpi | inggih nuntên kawula tinilar | kantun wontên ngriki ijèn | kapal lajêng lumêbu | dhatêng dhusun kidul puniki | ingkang cêlak katingal | ing Soda pukulun | ing samangke pun turăngga | wontên ing ngriku kawarti sagunging janmi |[2] angakên panêmbahan ||

--- 1 : 342 ---

53. margi agung idining turanggi | anuruti panêdhaning janma | inggih kongsi praptèng mangke | kathah wong anênuhun | malah tiyang dhusun kapering | sami tumut manêmbah | mring kuda pukulun | yèn sampun sami aniwa | mring pun kapal sadaya lajêng mariki | ngopèni mring kawula ||

54. anukani têdha amba gusti | lawan ingkang anyambêti wrêksa | ing suku amba kalihe | inggih tiyang Sodèku | sabên ari makatên gusti | saking pakèning kuda | wau ta sang prabu | ngungun sadaya miyarsa | dene ana kaelokaning dewadi | kabèh samya kasmaran ||

31. Asmaradana

1. Bathara Krêsna lingnya ris | ing samêngko kang turăngga | apa ta maksih mangkono [mangko...]

--- 1 : 343 ---

[...no] | dènnya têtulung mring janma | kang dinangu tur sêmbah | pan inggih maksih pukulun | pan agung angsung kamulyan ||

2. kang dhatêng saya anggili | malah sinêbut Pangeran | margi kathah nugrahane | saking pun pandhita kuda | Sri Krêsna angandika | wruhanta kêkasih ingsun | iku kaliru paningal ||

3. nora wujud kuda yêkti | ingkang sinêbut Pangeran | dene kang aran tuhune | ya dewa iya bathara | kang nitah marang sira | iku yêktine sêbutmu | ingkang pantês sira sêmbah ||

4. nanging ta iku tan sisip | pira dayane wong desa | sayêkti cupêt kawruhe | ilang ing pangandêlira | kang padha tanpa ngrasa | idhêpe mung ingkang

--- 1 : 342[3] ---

angsung | kanugrahaning sakala ||

5. pun Anggira matur aris | dhuh pukulun batharèngwang | mugi-mugi maha katong | pun dasih anuhun têdah | dununging kasampuran | rèhning kawula pukulun | lalu kataman kasmala ||

6. paduka sri narapati | paringa marganing pêjah | dhatêng kawula samangke | sampun kadawèng lêlara | suka nuntên antaka | tan kawawa sakit ulun | Bathara Krêsna ngandika ||

7. wruhanta Anggira mangkin | iya ing samêngko sira | durung prapta antakane | mêksih lami anèng donya | nanging aywa sandeya | iya sun paringi surup | marang ing sampurnanira ||

8. Anggira matur wotsari | aturnya sarwi udrasa | dhuh pukulun dewaningong [dewa...]

--- 1 : 343 ---

[...ningong] | paran lamun makatêna | pun dasih tan kuwawa | nandhang sêsakit kalangkung | sri bathara angandika ||

9. narimaa ing dewadi | sira mung kinèn ngantia | mangsanira ing kapatèn | jêr samêngko durung măngsa | lawan sira sun ganjar | sawarga kang luwih agung | pun Anggira amanêmbah ||

10. sarya aturira aris | langkung panuhun kawula | inggih mugi maha katong | jêng paduka paring swarga | kang tanpa kira-kira | Sri Yudhisthira lingnya rum | hèh Anggira ingsun ganjar ||

11. tilam sajroning swarga di | kang luwih saking utama | lawan saisi-isine | pun Anggira nuhun nêmbah | Sang Parta angandika | hèh Anggira ingsun angsung | pêpadhanging swarganira [swar...]

--- 1 : 344 ---

[...ganira] ||

12. kang sinungan awotsari | Prabu Nangkula Sadewa | alon ing pangandikane | hèh Anggira ingsun ganjar | lêlanggêng anèng swarga | pun Anggira dhêku nuhun | sigra Arya Bratasena ||

13. majêng dènira alinggih | mrêpêki Kyai Anggira | Wrêkudara andikane | hèh kaki ingsun ya ganjar | marang sampurnanira | dene ta pawèwèh ingsun | dudu brana dudu swarga ||

14. amung basaningsun kêdhik | poma dèn bisaa tămpa | lah wus mènglènga dèn age | karnanira ingkang kiwa | sigra lajêng sang arya | pun Anggira mènglèng gupuh | karna nulya tinungkulan ||

15. winisik jatining urip | urip tan kêna ing pêjah | Bratasena pamêjange | ngêntèk praptèng sangkan paran [para...]

--- 1 : 345 ---

[...n] | marang panunggalira | ing dêdunung kang dumunung | sawusnya lajêng alênggah ||

16. pun Anggira awotsari | matur sarwi latah-latah | lah dhuh-adhuh gustiningong | langkung lêga ingkang manah | inggih sakèh ganjaran | mung puniku amba suwun | kang mimba tirta samodra ||

17. alanggêng toyane wêning | wiyar datanpa wangênan | salami tan kêna kalong | dhuh tuwan inggih punika | kajênge tyas kawula | mung gusti kang luwih tuhu | tuhu utamèng tumitah ||

18. Arya Sena ngandika ris | hèh sira dipun waspada | ing tămpa aja tumpangso | yèn sisip ing karêpira | têmah dadya bancana | mula dèn santosèng kalbu | ing driya tan kêna kewran ||

--- 1 : 346 ---

19. lawan kawruhana malih | sêsikuning kasampurnan | ing paningal ywa salah ton | miwah aywa tilar tarak | brata narimèng titah | nirnakna suraning kalbu | gorèng tyas amriha sirna ||

20. kathah warnanên ing tulis | wêwulange Bratasena | pun Anggira awotsinom | dhuh gusti inggih sandika | sakathahe rèh tuwan | Bathara Krêsna lingnya rum | hèh yayi mas ing Mamênang ||

21. paran wisikira yayi | iya marang Si Anggira | pun kakang pan arsa wêroh | Arya Sena aturira | kakang iku tan kêna | nora pae lan kawruhmu | sayêkti anunggal misah ||

22. upamane wong ajurit | mawarna busanèng yuda | sakarsa ingkang dèn anggo | amung ta ing êmpanira | beda-beda tan padha |

--- 1 : 347 ---

wusing aprang padha kuwur | praptaning don amrih papan ||

23. papane pan ora sami | ana kang kesisan wadya | tuwin maksih ajar kaot | kabèh iku kawruhira | padha warana driya | durung sasana ing kalbu | tan wruh kang aran triloka ||

24. kalawan kang sapta bumi | sirèku ngancas ing têngah | tan dumunung sayêktine | tanpa amrih kawêkasan | maksih kêna ing kewran | bisa dulu tan kadulu | sarirane padha lupa ||

25. yèn badane mung sawiji | têka nora bisa wijang | kudu pinisahkên bae | eman dene padha tuwa | tuwane tuwas-tuwas | Bathara Krêsna angungun | ngênglêng kalimput ing driya ||

26. upamane wong lumaris | kalayu ingkang mangkana |

--- 1 : 348 ---

nêdya atut wuri kabèh | nanging wus tan măntra-măntra | nyandhak kang lumaksana | ya ta tan winarnèng wuwus | wasisthaning Bratasena ||

27. Bathara Krêsna lingnya ris | hèh Anggira wus kariya | ingsun iki arsa wêroh | iya marang goning kuda | kang padha pinangeran | pun Anggira nêmbah dhêku | Krêsna Pandhawa gya budhal ||

28. sarta punggawa lumaris | gumuruh samarga-marga | ngeca-eca saparane | wau ta ing lampahira | wus praptèng dhusun Soda | samana kèndêl sang prabu | wontên jawi pakarangan ||

29. Sang Parta sigra nimbali | têtiyang ing dhusun Soda | satunggal dangu saure | Bathara Krêsna ngandika | paran yayi wong ika | ingsun uwuh tan sumaur | têgêse [têgê...]

--- 1 : 349 ---

[...se] tan wruh narendra ||

30. mung pangidhêpane sami | dènnya mangeran ing kuda | iku kabèh sagunging wong | payo yayi padha nyêlak | lumêbèng padhusunan | nulya lumêbêt sadarum | para nata para kadang ||

31. praptaning dhusun sang aji | angungun samya tumingal | tanpetungan sakèhing wong | Bathara Krêsna ngandika | hèh sira wonge Soda | marenea dipun gupuh | kang liningan mara mêndhak ||

32. wus samya uningèng aji | sagung têtiyang ing desa | alon ngandika sang katong | hèh sun iki atêtanya | mring sira kang sanyata | payo waraha satuhu | iya paran marmanira ||

--- 1 : 350 ---

33. mau sira sun timbali | tan ana kang nanggapana | ya pijêr gawemu dhewe | umatur kang sinung sabda | gusti wasta kawula | inggih pun Tanpuru ulun | milamba tan gurawalan ||

34. dhatêng ing paduka aji | sawêk sami atur sêmbah | ing jawata sadayane | bathara awarni kuda | agung kamurahannya | mulane tuwan kapungkur | ngawratakên amêmuja ||

35. mring kuda asaji-saji | jêr kathah kang kanugrahan | karya kamulyaning uwong | dhuh pukulun sri bathara | mugi kauningana | ing gusti dêdunungipun | parentah lawan panêmbah ||

36. yêkti awrat pangabêkti | amrih rahayu ing badan | yèn sampun luwar pujane | nuntên anglampahi karya | ing rèh sri naranata | wau sira sang aprabu | mèsêm ngungkurkên [ngungkur...]

--- 1 : 351 ---

[...kên] kang sabda ||

32. Pangkur

1. ngandika Bathara Krêsna | hèh Tanpuru ingsun atanya malih | apa kanugrahanipun | pawèwèhe si kuda | alon matur kang dinangu awotsantun | gusti botên warni brana | dènnya sung sang kuda rêsi ||

2. amung sawabe akathah | pun pataka kang kinèn ngêngidèni | tan ngêmungkên wong sadhusun | sampun praptènga tanah | ngandika lon samana wau sang prabu | apa iku bisa mojar | pun Tanpuru matur aris ||

3. inggih botên sagêt nabda | inggih namung tinêngêran ing janmi | yèn gêgrami nuli payu | tikêl lan pangajinya | yêkti langkung saking sabên-sabênipun | Bathara Krêsna ngandika |

--- 1 : 352 ---

lah ingsun arsa udani ||

4. marang panêmbahanira | pun Tanpuru matur sumăngga gusti | sigra têdhak sang aprabu | ingiring para kadang | miwah sagung para apsari tut pungkur | punggawa kabèh tinilar | ing jawi dhusun atêbih ||

5. sang nata lumêbèng wisma | lawan para ari lumêbêt sami | ênggèning kuda puniku | samana wus katingal | nèng jro gubah kuda ulês janjan biru | sakalangkung kinurmatan | linangse sinari-sari ||

6. ngungun sang nata tumingal | dènnya sagung kang janma samya gusti | ingakên jawata tuhu | liningga-lingga dewa | duk samana Bathara Krêsna andulu | awas wus tan kasamaran | marang kang karyèng dumadi ||

7. yèn iku Sang Rêsi Durna | kang anuksma nitis marang turanggi | Sri Krêsna ngandika [ngandi...]

--- 1 : 353 ---

[...ka] arum | marang kang rayi Parta | hèh yayi mas paran ta iku gurumu | têka salah kasampurnan | Parta tumungkul wotsari ||

8. Sri Bathara malih nabda | marang sagunging wong Soda prasami | hèh ta kabèh wruhanamu | kang padha sira sêmbah | kuda iku apan arsa ingsun pundhut | karana iku kang dadya | iya Dhanghyang Druna nguni ||

9. samêngko arsa sun ruwat | yèn kongsia lawas akarya sisip | marang kabèh sira iku | jêr nguni Dhanghyang Druna | karêm karya ala sasamèng tumuwuh | kulina panggawe ala | mulane iku nêmahi ||

10. panitise luwih nistha | warna kuda sato asoring janmi | dene ta kabèh sirèku | sagung kanugrahanta | saking kuda idine mawantu-wantu | lah

--- 1 : 354 ---

ing mêngko ingsun bisa | angungkuli si turanggi ||

11. kalamun padha sandeya | driyanira lah dulunên dèn aglis | sagung wêwadhahirèku | ingsun kang ngisènana | nadyan ingkang wisma têbih datan kantun | yêkti milu kailenan | ing sabdaku padha mangkin ||

12. mangkana duk amiyarsa | Ki Tanpuru sakadang karuhnèki | marang pangandika prabu | pan arsa ngyêktèkêna | ana siji kang lumêbèng wismanipun | mulat sagunging wêwadhah | kagyat samya nêningali ||

13. dene padha isi brana | kèh warnanya tanpetungan kang rukmi | gawok dènira andulu | ngungun saksana mêdal | praptanira pêpoyan mring kancanipun | ngungun sadaya miyarsa | têmahan konjêm ing siti ||

--- 1 : 355 ---

14. karuna matur anêmbah | dhuh pukulun sumăngga jêng dewaji | pun turăngga ruwatipun | sumăngga jêng paduka | salamine dhuh gusti ta dasihipun | saking lalu guna dahat | sapintên kawruhing dasih ||

15. yêkti tiwasing pamawas | kang saèstu amung ajrih pakolih | utami tiyang brêgundung | lampah sadaya-daya | ing wêkasan tan tolih tularing saru | dhuh pukulun batharèngwang | dèn anggung aksamèng dasih ||

16. Bathara Krêsna ngandika | hèh sirèku kabèh aja prihatin | tan kurang apuraningsun | miwah jawatanira | yêkti padha nugrahani mring sirèku | andhêku ingkang liningan | sigra sang nata anuding ||

17. marang kang rayi Sang Parta |

--- 1 : 356 ---

hèh yayi mas payo ta dipun aglis | nuli lêpasana gupuh | aja katrinèn sira | dèn abisa rumêksa saruning guru | lamun iku dèn kèndêlna | akarya sêmanging ati ||

18. ing nyana awèh ruara | ing paningal satêmah nglêlingsêmi | jêr mangkono tingkahipun | kaliru ing wêkasan | Dhanghyang Druna baya pangèsthine kuwur | sira yayi kuwajiban | nampurna tuhuning urip ||

19. sigra Arya Dananjaya | wruh ing karsa saksana angayati | cundhamani pinusthi wus | tan dangu linêpasan | punang kuda kawatgata ăngga mawut | sirnanya sami sakala | ana swara ngawiyati ||

20. lir swaraning Dhanghyang Druna | hèh sutèngsun kabèh padha basuki | tulus [tulu...]

--- 1 : 357 ---

[...s] saturun-turunmu | dènira mêngku praja | tan sangsara sira kang karya tumuwuh | ya kabèh saisining rat | tan liya saking sirèki ||

21. lah uwis padha kariya | ingsun mulih marang kaanan mami | adhuh kabèh sutèng ulun | tutugna karyanira | anèng ngarcapada awèha pitulung | ing wong padha kawlasarsa | sayêkti manggih basuki ||

22. agung kanugrahanira | ya bathara malês maring sirèki | sawusnya muwus kadyèku | kang swara tan kapyarsa | kampitèng tyas sadaya kang sami ngrungu | ngungun sagung para nata | mangkana Sri Harimurti ||

23. parentah kinèn ngruktia | pakartining kamuksan wus miranti | tinutur sampurnèng lampus | dupa angalad-alad |

--- 1 : 358 ---

sawusira sirêp ingkang ponang latu | Bathara Krêsna alênggah | lawan sagung para ari ||

24. sang nata alon ngandika | maring tiyang Soda kang munggèng ngarsi | hèh Tanpuru dhawuh ingsun | ya kabèh marang sira | sun idèni barang pakaryanirèku | ingkang marang karaharjan | gonira ngupaya bukti ||

25. yêkti tulus karyanira | ing saturun-turunira basuki | lan maning parentah ingsun | padha ambêcikana | Si Anggira kang wisma Mantimantèku | ika kêkasihing dewa | wong tuwa nandhang kaswasih ||

26. kabèh umatur sandika | wus mangkana lamine tan winarni | sang nata pan arsa kundur | lawan sakadangira | sampun lami jêngkarira sang aprabu | saking nagari Ngastina | saksana budhal sang

--- 1 : 359 ---

aji ||

27. gumuruh kang wadyabala | ngeca-eca sawadya gunêm sami | ing lampah nora kasusu | sinambi alon-lonan | kang rinasan samarga sampurnèng lampus | sampun têbih lampahira | saking Soda Sri Bupati ||

28. samana malih winarna | lampahira wau ta sri bupati | anèng ing marga kapêthuk | tiyang pangawak kuda | sirah janma watês sangandhaping bau | lambung mangisor turăngga | bisa anandêr kapati ||

29. nalikanira tumingal | lamun wontên baris agêng lumaris | tan ataha nandêr gupuh | marêk ing ngarsa nêmbah | samya kagyat wau ta sira sang prabu | dadya kèndêl lampahira | gawok kang sami ningali ||

--- 1 : 360 ---

30. kang kasmala aturira | dhuh pukulun mugi paringa gusti | usada mring dasihipun | kawula nuwun ruwat | sampun lami nandhang kasmala kalangkung | yèn pukulun tan wêlasa | niaya isining bumi ||

31. sadaya isining jagad | yêkti amung sang nata kang darbèni | rusak miwah arjanipun | yogya kinawruhana | kalajênga rusak sagung kang tumuwuh | sintên ingkang kalonglongan | sayêkti amung sang aji ||

32. sigra Arya Dananjaya | angayati warastra cundhamani | linêpasakên kacundhuk | sirna angganing kuda | wus amalih dadya manungsa satuhu | saksana umarêk nêmbah | ing ngarsa sri narapati ||

33. dinangu ing purwanira | nalikane kataman ing kaswasih [ka...]

--- 1 : 361 ---

[...swasih] | sang anirmala umatur | gusti wasta kawula | Wilasraya mila pun dasih pukulun | anandhang pangawak kuda | gusti purwanipun nguni ||

34. nalika prang Bratayuda | apan ulun kataman ing jêmparing | pagas dalamakan ulun | mangke kuda kalênggak | pan kawula rumangsang nuntên kalêbu | saking jalakan turăngga | kawula adarbe gusti ||

35. lisah sangkal putung wutah | andhawahi bauning kang turanggi | nuntên pulih kaninipun | pun dasih kaingkêman | daging otot tungtum kadi gêsangipun | punika gusti purwanya | sang nata ngandika aris ||

36. lah ing ngêndi dunungira | Wilasraya umatur awotsari | dhuh pukulun sang aprabu |

--- 1 : 362 ---

kawula ing Karsula | Sri Bathara Krêsna angandika arum | hèh sira milua mringwang | umiringa laku mami ||

37. kang ingagnyan tur sandika | wus mangkana budhal malih sang aji | sawadyabala gumuruh | samarga alon-lonan | lamun wontên pandhita pinaran gupuh | tanpa wus rêrasanira | kinanthi kawruhirèki ||

33. Kinanthi

1. samana ing lampahipun | wau ta sri narapati | sawadyabala gumêrah | miwah sagung pramèswari | kang badhe bela kamuksan | maring kaananing urip ||

2. mila rêmbên lampahipun | tumuntur lampahing sori | tinut saenggaring driya | samarga anêningali | sining wana sri kawuryan | kathah ingkang sarwa sari ||

3. gambir gambira rum-arum | rumambakèng pinggir [ping...]

--- 1 : 363 ---

[...gir] margi | gandanya nangsayèng awan | yayah nugatèng lumaris | sumungsung raras rumira | sagunging kang sarwa sari ||

4. akarya sukaning kalbu | sagunging kang para putri | ana ingkang ngalap sêkar | gadhung kananga kumuning | prabusèt malathi dênta | cêpaka lan widasari ||

5. wau ta ing lampahipun | samana sri narapati | prapta ing dhusun Karsula | sadaya sami ningali | wontên jêjaka taruna | kêkalih nèng pinggir margi ||

6. satunggil anandhang wungkuk | sakit wuta kang satunggil | awit duk rarene mila | sang nata nulya mrêpêki | dinangu udrasanira | kalawan wastanirèki ||

7. umatur wau kang wungkuk | dhuh pukulun sri bupati | pun Cêpuk [Cê...]

--- 1 : 364 ---

[...puk] wasta kawula | pun Capu ingkang satunggil | punika sami sudara | milamba gusti anangis ||

8. karaos ing sakit ulun | pêpancèn saking dewadi | sinungan wungkuk lan ina | sampun awit kala alit | tan wontên wikan purwanya | sang nata ngandika aris ||

9. hèh sapa ta wong tuwamu | apa tan ana nuturi | pun Cêpuk umatur nêmbah | gusti kang yoga ing dasih | sadaya sampun pralaya | mila kawula prihatin ||

10. ketang tanpa tiyang sêpuh | milamba mular tan sipi | wontên pangungun kawula | gusti patikbra ing nguni | lan pun Capu sami kesah | anêdya ngirang-irangi ||

11. anuwun dhatêng dewa gung | wontên sapucaking wukir | dene kang kawula arsa | icala ing wungkuk mami | tuwin wutaning riningwang | gusti ing alami-lami ||

--- 1 : 365 ---

12. anggèn kawula nèng gunung | sadaya susahing dasih | dadya alêsu ing karsa | nêgês karsaning dewadi | wontên marmaning jawata | amba manggih sangsam lalis ||

13. labêting lapa kalangkung | samya alami tan bukti | sangsam lajêng ulun purak | andadak ngagar kang api | sangsam wau binakaran | binukti tiyang kêkalih ||

14. nanging pun Capu pukulun | sabên minta kula sungi | bêbalung kang botên eca | lajêng mêmintèng dewadi | sagêta wikan sakêdhap | jawata sami nuruti ||

15. saksana wutane mantun | kawula dipun tingali | yèn lagya nêdha kang eca | pun Capu langkung aruntik | lajêng ngambil balung iga | gigir amba dipun gitik ||

16. kenging lêrês ingkang bucu | sanalika [sanali...]

--- 1 : 366 ---

[...ka] ical gusti | mantun kadya jinampenan | pun Capu lastantun mari | sami suka sukurira | ing dewa kang ngusadani ||

17. kawula anuntên mantuk | lan pun Capu ari mami | dhatêng ing dhusun Karsula | pukulun praptaning ngriki | wontên wangan nanggêl gêngnya | tan mawi sunangan margi ||

18. kêkalèn pan isi ranu | sinabrangan botên kêni | lêbêt rumpilnya kalintang | bêladhêr toyane mili | tanggêl lamun linumpatan | pinêksa pan botên dugi ||

19. măngka tyas amba pukulun | kadarpèng onênging kapti | lami pisah kadang warga | kasêlak ayun udani | ing wăngsa-wăngsa kawula | têmahan ulun lumpati ||

20. pamilar kawula kadung | botên dumugi ing pinggir | misih dhawah ing bênteran | pun dasih karaos [karao...]

--- 1 : 367 ---

[...s] sakit | amba minggah badêdêngan | punang wungkuk dhatêng malih ||

21. enggal gènipun mangkêluk | gigir kawula puniki | patikbra ngungun kalintang | pun Capu wau ningali | dhatêng ing solah kawula | anggêgujêng tan sinipi ||

22. kapingkêl dènnya gumuyu | wêkasan dutane prapti | wangsul kadya mulanira | duk kesah dhatêng ing wukir | punika gusti purwanya | samana sri narapati ||

23. nalikanira angrungu | ature jêjaka kalih | suka gumujêng sang nata | gumêr kang samya miyarsi | ngandika Bathara Krêsna | hèh sira aja prihatin ||

24. ingsun kang paring pitulung | ambengkas susahirèki | aywa na prihatin dahat | wus maria sira kalih | luwara saking duhkita | waluya padha samangkin ||

25. wau kang

--- 1 : 368 ---

sinungan wuwus | marang Prabu Harimurti | waluya sami sakala | lajêng sumujut ing siti | kalihe samya ginanjar | paitan arta myang rukmi ||

26. sumungkêm kalangkung nuhun | kakang adhi anampèni | kêkucahnya sri narendra | samana malih winarni | sigra Sri Bathara Krêsna | lawan sagung para ari ||

27. alami ing kèndêlipun | anggunêm putusing kapti | dènnya wus lami lampahnya | anênggih sri narapati | dangu samya rêrêmbagan | yèn arsa kundur sang aji ||

28. maring Ngastina praja gung | amatah punggawa kalih | kinèn angruhuni lampah | dinuta angsung udani | maring sang prabu taruna | miwah Baladewa Aji ||

29. wus winêling sarèhipun |

--- 1 : 369 ---

budhal kang punggawa kalih | ênêngêna kang dinuta | maring Ngastina dhingini | warnanên Sri Yudhisthira | lawan sagung para ari ||

30. misih kèndêl nèng wana gung | wus dungkap parêk ing tasik | samodra kidul kawuryan | akarya enggaring galih | suka umiyat ing toya | sri nata lan para ari ||

34. Sinom

1. umatur Bathara Krêsna | maring Yudhisthira Aji | dhuh pukulun yayi nata | mugi mangèstua sami | sêdyamba ing samangkin | sêkar jayakusumèku | arsa ulun labuha | ing tasik inggih manawi | dadya tăndha paitanipun ing wuntat ||

2. nadyan wus anèng samodra | sayêkti puniku benjing | kenging pininta usada | ing wong kang duhkitèng [duhki...]

--- 1 : 370 ---

[...tèng] galih | yayi ing benjing wingking | maksih sagêt atêtulung | Sang Prabu Yudhisthira | umatur mring raka aji | sakalangkung inggih jumurung kawula ||

3. nulya sagung para nata | miwah ingkang para ari | tumindak nêdhaki sigra | anèng satêpining tasik | atap samya ningali | kacaryan rêsmining ranu | nuju gênging udaya | sarah-sarah tinon asri | sêsipatan lir tinata apêpanthan ||

4. wau ta Sang Prabu Krêsna | sigra dènira angambil | sêkar wijayakusuma | sawadhahira tan kari | linabuh ing jaladri | sarwi angandika arum | hèh wijayakusuma | muga tuhua sirèki | nèng samodra dadya paitaning wuntat ||

5. sawusira pinojaran | karsaning jawata luwih | lajêng atuwuh têtiga | wêwadhahe

--- 1 : 371 ---

kang satunggil | satunggilipun malih | punika tuwuh ing tutup | nalika sinung ujar | sinauran ing wiyati | gêtêr-patêr dhèdhèt erawati ngakak ||

6. kadya mèlu mangastawa | sabdane Sri Harimurti | pinarêngan ing samodra | gara-gara ing jro tasik | obah-obah ngèbêki | alun agolong gumulung | ulêng anêmpuh parang | lir mangayubagya sami | dènnya anon nata angèsthi kamuksan ||

7. mina-mina mrih uninga | marang ing sri narapati | dènnya yun mring kasampurnan | sagarwa kadangirèki | otêr jroning jaladri | lir samêkta kusung-kusung | langkung kang tirta tama | ombak satêpining warih | rêruhunan dènnya angkara tumingal ||

8. marang [ma...]

--- 1 : 372 ---

[...rang] tumiyunging toya | ya ta pakaryaning rêsi | mèt tirta ayun mêmuja | luhuring pandhan ngrakêti | saengga asta kalih | tumungkul anyawuk banyu | lingkabing ron kanginan | kadya jêjubahnya nglangkip | sasolahe kasusu lir mangastawa ||

9. dènnya asêlak tumingal | mring nata angèsthi pati | nyana akari ing karya | sumungsung ing tirta êning | mangkana sri bupati | wus budhal sawadyanipun | lampahe alon-lonan | manginggar-inggar ing margi | aningali srining wana sru kawuryan ||

10. sarwi tan pêgat rêrasan | amrih basukining lalis | mangkana Bathara Krêsna | ngandika marang kang rayi | lah Sena payo aglis | nutugkên arjaning kawruh | paran wêcananira | duk budhal saking ing wukir | Rewataka sira mêdharake

--- 1 : 373 ---

karsa ||

11. wêwarahira riningwang | sasat mandipaning bumi | wus kawêngku jagat raya | Bratasena matur aris | ya kakangku dewaji | ya kabèh ing atur ingsun | mungguhing pangawikan | ing rèh jamaning kapatin | sampurnaning badan saking tarakbrata ||

12. nanging dipun kawruhana | laku ingkang kalih warni | kang dhingin lakuning jaba | ing jro laku kaping kalih | lire brata ing jawi | mrih arjaning jisimipun | ya samêktaning badan | nyuda-nyuda barang bukti | pakarêman kaciptan amrih samadya ||

13. sampun kongsi anggêgawa | nisthaning badanirèki | pamancade mring kaanan | supaya amêrta sami | pikantuk atêtèki | arjane wuri binuru | nadyan jaman [jama...]

--- 1 : 374 ---

[...n] kamuksan | apênêt kang amastani | tur sinêbut kapatène luwih arja ||

14. dene kaping kalihira | lakuning jro kang winarni | ing nêpsuning hawa manah | yèku bancananing pati | benjang praptaning janji | sirêpên aja kawêtu | lamun tinurutana | karya weyaning pangèksi | ambêbawur ing nyana têmah ruara ||

15. kang dhingin wêtuning dhahga | wahyaning arga ping kalih | ping tiga wijiling loba | suba kaping patirèki | kang padha dèn singkiri | dene kang dhahga liripun | karsa angăngsa-ăngsa | kang arda puniku nênggih | kawruhana babêndu tanpa ukara ||

16. ingkang loba pêpenginan | suka sangêt lirirèki | têgêse mungguhing karsa | ingkang ala lawan bêcik | kadêrêng

--- 1 : 375 ---

tan sinipi | yaiku ingaran nêpsu | benjang praptèng sêmaya | sayogya angati-ati | yèn kadarpa papa-papaning antaka ||

17. ing nguni Nini Ruminta | sasolahe ngambil warih | yêkti pralambaning pêjah | purwa lan wêkasannèki | duk manungsa puniki | tinitahkên saking luhur | mêngkono Ni Ruminta | nalika angambil warih | wadhah cilik praptèng sumur suka-suka ||

18. tur iku pinangkanira | kang we tumus ing jêladri | parandene winadhahan | sakêdhik suka tan sipi | mungguh jalma puniki | saking gaib asalipun | ginêmpil anèng donya | wujuding manungsa iki | Ni Ruminta nguni mangsulakên toya ||

19. mring sumur nulya karuna | awit datan antuk rukmi |

--- 1 : 376 ---

branane kang padha ilang | dene wau ingkang warih | mring jaladri wus nunggil | tumus-tinumusan iku | pira ta kamulyannya | tan pisah kalawan uwit | nora adoh upamane lan manungsa ||

20. tur wus padha wruh ing benjang | yèn arsa manggih linuwih | tunggal jati solah bawa | kalawan kang murbèng gaip | prandene kèhing jalmi | tan ana kagege lampus | ingkang mêngkono iya | dupara titah puniki | sayêktine rêtna mulih mring kaanan ||

21. milane ing mêngko padha | nyandhi ras-arasing galih | ya saking napsu sadaya | pangwasane angluluhi | dene Ruminta dhingin | kang dadi nêpsuning ranu | mawane kang barana | mungguh manungsa puniki | witning datan cinancangan nêpsu hawa ||

22. yêkti ilang titahing Hyang | cilik-cilik kudu mati | jêr padha [pa...]

--- 1 : 377 ---

[...dha] amrih sampurna | yèku kawruhana sami | ana paekannèki | kinaryaa nyirêp nêpsu | bebas de sambegana | waspada narimèng galih | kang mangkono iku dèn lastarèkêna ||

23. mangkana Bathara Krêsna | lawan sagung kang miyarsi | sawadya sru pangungunnya | suka kacathêt ing galih | Sang Prabu Harimurti | mèsêm kaduga ing kalbu | myarsa sasmitanira | Sang Sena pindha jaladri | anglimputi ing sajagat pramudita ||

24. tan kandhêk ing lampahira | agunêm sarwi lumaris | guyup sakawulawarga | sinambi anêningali | langêning kang wanadri | kèh kawuryan ing sarwa rum | karya inggaring driya | sagunging kang para putri | sru kawuryan mulat manising puspita ||

25. nêngna kang agung lêlampah |

--- 1 : 378 ---

wuwusên ingkang tinuding | duta raja kalihira | prapta Ngastina nagari | ya ta nuju marêngi | miyos tinangkil sang prabu | sira Sri Baladewa | ngampingi wayahirèki | Prabu Dipayana lênggah singangsana ||

26. andhèr ingkang munggèng ngarsa | sagung kang para narpati | satriya mantri punggawa | rêkyana patih kêkalih | ing ngarsa tan atêbih | duta jumujug umatur | saliring rèh sadaya | katur miwiti mêkasi | suka sagung kang miyarsa asiyaga ||

27. Sri Baladewa parentah | ngrukti pamêthukirèki | wahana kuda turăngga | jêmpana kabèh rinakit | tuwin sri narapati | arsa mêthuk badhenipun | anulya sri narendra | jêngkar dènira tinangkil | abusêkan sagung bala ing Ngastina ||

28. wadya lit [li...]

--- 1 : 379 ---

[...t] asalang-tunjang | kadya ge uningèng gusti | tan dulur dhingini lampah | lir tanpa wêngkang samargi | gumuruh jalu èstri | ana ingkang ngêmban sunu | misih alit binêkta | tan ketang pinipit-pipit | sru kadarpan umiyat ing gustinira ||

29. karaya-raya sapraja | kayungyun solahirèki | dènnyarsa gustine prapta | samana sri narapati | antara dina malih | budhalira sang aprabu | kalawan ingkang eyang | sinuhun ing Mandurèki | miwah ingkang paman Sang Arya Subrastha ||

30. tuwin sagung wadyabala | miwah kya patih kêkalih | Arya Dwara Danurwedha | samya umiring sang aji | gumuruh tanpa wilis | dene ingkang sami kantun | tunggur[4] têngga nagara | amung wadya sawatawis [sawatawi...]

--- 1 : 380 ---

[...s] | ya ta wau [...][5] sri narendra |[6]|

31. wus praptèng jawining kitha | kèndêl sang sri narapati | masanggrahan jawi kitha | anaracak tan atêbih | sêdhêng dènnya manganti | ingkang eyang rawuhipun | nêngna prabu taruna | gantya malih kang winarni | lampahira nênggih Sri Krêsna Pandhawa ||

32. tinut ing sakarsa-karsa | samarga angaring-aring | tan tungkul rêrasanira | amrih utamaning pati | lan sagung para ari | andina-dina anutug | ya ta wus tan winarna | lampahira sampun prapti | pasanggrahan tundhuk lawan ingkang wayah ||

33. wau ta prabu taruna | nalikanira ningali | nênggih rawuhe kang eyang | sigra lumajêng sang aji | kang eyang anututi | Sang Sri Baladewa Prabu | tuwin Arya Subrastha | mangkana sri

--- 1 : 381 ---

narapati | sampun panggih kang eyang nungkêmi pada ||

34. samana Nata Pandhawa | trênyuh tyas dènnya ningali | mring wayah prabu taruna | rinangkul lungayanèki | Bathara Harimurti | dahat murcitaning kalbu | têmah samya karuna | Wara Sumbadra mrêpêki | wayahira pinangku sarwi udrasa ||

35. dhuh ragane sira nyawa | bakal kari kawlasasih | tinilar maring wong tuwa | misih anom têmên gusti | lah muga sira kaki | tulusa umadêg ratu | wau ta ingkang wayah | dahat nityasèng panangis | sawusira rêrêm sami tata lênggah ||

36. anèng tarup wêwangunan | pasanggrahan rinêngga sri | Sang Aprabu Yudhisthira | jajar lawan raka kalih | miwah kang para ari | samya sumiwi nèng ngayun [nga...]

--- 1 : 382 ---

[...yun] | miwah para punggawa | wus kumpul andhèr nèng ngarsi | sigra majêng wau ingkang para wayah ||

37. sira Risang Patih Dwara | myang Danurwedha ngabêkti | maring sagung eyangira | sawusnya aganti-ganti | sagunging pra dipati | kabèh sami kumarubut | luwaring ngèstupada | Sri Baladewa lingnya ris | sukur bagya yayi tan ana sangsaya ||

38. umatur Bathara Krêsna | ngaturkên sarèhirèki | wiwitan praptèng wêkasan | awit bidhale ing nguni | kongsi apalakrami | Sêtyaka umadêg ratu | kang raka duk miyarsa | langkung pangungunirèki | ing wasana dahat suka sukurira ||

39. tuwin kang sami miyarsa | sadaya suka tan sipi | sawusnya anutug suka | samana lajêng miranti | Patih Dwara ngundhangi | budhal kang

--- 1 : 383 ---

wadya panganjur | gumuruh swaranira | wahana awarni-warni | sri narendra budhal lan sang prabu wayah ||

40. sagung kang para dayinta | sadaya anitih joli | kamot saparêkanira | tan ana dharat sawiji | gumuruh ing samargi | yayah kang jaladri têdhuh | wutah ngalabi dharat | balêdug nampêg wiyati | kang kaambah ing wana awarna-warna ||

41. sungsun atimbun kang mulat | rawuhe gustinirèki | atembak samarga-marga | wau ta sagunging baris | datan winarnèng margi | ing nagari sampun rawuh | lajêng manjing ing pura | dene sagung para putri | sigra manjing ing dhatulaya sadaya ||

42. wus panggih lan ibunira | anênggih Sang Dèwi Kunthi | tuwin Untari wus panggya [pang...]

--- 1 : 384 ---

[...gya] | samya sukanirèng galih | rêntênging tyas sirnanting | nyana kadya anênapu | sêsotya di minulya | dene ta wau sang aji | kantun munggèng pasewakan sabalanya ||

43. lênggah ing dhampar kancana | sira Prabu Parikêsit | anunggil lawan kang eyang | Prabu Yudhisthira Aji | tuwin Sri Harimurti | miwah Baladewa Prabu | wus munggèng ngarsa nata | lawan ingkang para ari | Arya Sena jajar lan ari Sang Parta ||

44. Prabu Nangkula Sadewa | tunggil kya patih kêkalih | Arya Dwara Danurwedha | tuwin kang para narpati | miwah punggawa mantri | andhèr sumiwi ing ngayun | nênggih risang bagawan | wus kinèn nunggil alinggih | lawan Arya Subrastha wus anèng ngarsa ||

45. pajêk kang samya sewaka | ing

--- 1 : 385 ---

ngarsa sri narapati | anênggih kang kawuwusa | marêngi asalin warsi | taun surya winilis | mangkana sangkalanipun | sarira tri nèng arga |[7] tauning candra winarni | sinêngkalan janma winayang ing swara |[8]|

46. wus dangu ing kèndêlira | nèng panangkilan sang aji | sarta wadya para nata | samana suka ningali | rêngganing candhi sari | kang rinakit ngalun-alun | wignyaning Patih Dwara | samya ebat kang ningali | mendah baya yèn wus tinatrapan kêmbang ||

47. tur maksih lugas kewala | parandene sampun luwih | wau ta Sri Yudhisthira | pangandikanira aris | hèh siwayèngsun kalih | ing mêngko wus mangsanipun | nuli sira rakita | kabèh tinrapana sari | lawan ingkang cêcaruhan dèn [dè...]

--- 1 : 386 ---

[...n] samapta ||

48. pakartining kasampurnan | padha ruktinên samangkin | dene kaki karsaningwang | mung nganti sawulan malih | sandika awotsari | kyana patih kalihipun | dangu imbal wacana | kasaru rawuhirèki | Hyang Naradha cumlorot saking awiyat ||

49. niyup dhatêng panangkilan | wau ta sri narapati | gupuh tumurun manêmbah | tuwin sadaya para ji | hyang prapta ngandika ris | dhuh sang nata yoganingsun | lan kabèh yoganingwang | ingsun iki pan tinuding | timbalane iya Hyang Suksma Kawêkas ||

50. kinèn amundhut kang cakra | lawan panah cundhamani | karone iku wus măngsa | pinulung maring swarga di | marga sirèku sami | angancas sampurnèng lampus [lampu...]

--- 1 : 387 ---

[...s] | mila roro gêgaman | iki lan saking sirèki | karsaning Hyang santosa kamuksanira ||

51. wruhanira yoganingwang | kang măngka bancanèng pati | yèn maksih anon kasuran | miwah katrisnaning kang sih | sisip-sisip ta kaki | yèku drigamaning lampus | puwara aru-ara | rêribêt angrêribêti | tan tumanêm têmahan amaro tingal ||

52. ngalih-ngalih ngalamatan | ing nyana tan mindho kardi | wêkasan dadi kapiran | karana kewraning galih | mila dipun patitis | têtika aja kaliru | lawan dèn kawruhana | santosaning jaman pati | muhung anèng pandêlênging pikirira ||

53. wisaning pikir tan awas | sêmang pangandêlirèki [pangandêli...]

--- 1 : 388 ---

[...rèki] | lamun kongsia mangkana | ing wardaya têmah gingsir | poma dèn ngati-ati | wruhanira yoganingsun | sarèhing kasampurnan | nora nganggo kaping kalih | luput pisan kêna pisan dipun awas ||

54. yèn wus sirna saking dunya | tan bali bêbakal malih | jêr wus tinutup maring Hyang | sampurna saking ginaib | wau ta Sri Bupati | Yudhisthira duk angrungu | lingnya Rêsi Naradha | tuwin sagung para aji | langkung ajrih andhêku sarwi anêmbah ||

55. sira Sri Bathara Krêsna | sampun ngaturakên aglis | cundhamani lawan cakra | maring sang hyang maha rêsi | tinampenan lajêng mit | musna wus datan kadulu | wau ta sri narendra | wangsul palênggahan malih | saungkuring [saung...]

--- 1 : 389 ---

[...kuring] jawata sami kasmaran ||

35. Asmaradana

1. sadaya ngungun ing galih | têmah ngênglêng ing wardaya | kang punang cakra muksane | sampun sinantosèng driya | nênggih Bathara Krêsna | tan nyana kanyanèng kalbu | amung kasampurnanira ||

2. ingkang kaèsthi panggalih | sawusira pêparentah | sang nata kundur ngadhaton | lan wayah prabu taruna | tuwin kang para raja | makuwon sajuru-juru | samana kang cinarita ||

3. Prabu Yudhisthira Aji | sabên dina sinewaka | salaminira angantos | jagkêp praptaning sawulan | sanityasa sineba | kang nangkil kadya sêsulung | ulêngan arêbut mulat ||

4. têkan wadya desa sami | gung alit manjing nagara [naga...]

--- 1 : 390 ---

[...ra] | andulur sumiwèng katong | nyana yèn tan malih mulat | gustine sêlak muksa | bawaning ratu mawiku | kumaranira kawuryan ||

5. tidhêming nagara tistis | truh truhmrah[9] ing sabên dina | nawêngi wangkawa ngayom | ing sawulan kèh kawuryan | dalajating duhkita | wilêting sudama wêlu | limêngan ing antariksa ||

6. riyêm-riyêm ingkang rawi | rinawatan ingkang warsa | saha samerana angrèp | bawana sru ing drêsana | anindyamantri sigra | wruh ing karsa samapta wus | kasampurnan paripurna ||

7. tinata-tata tulya sri | rêrêngganing cêcaruhan | mawarna gêgunungane | gunung kêmbang gunung lênga | gunung dunya myang arta | gunung lawe gunung cupu | gunung konyoh gunung wastra ||

8. gunung sotya gunung

--- 1 : 391 ---

rukmi | gunung sari myang wowohan | pala boga tumpêg kabèh | tuwin dêdana sang nata | sêsawur sabên dina | kêthokan tigasanipun | supênuh mawarna-warna ||

9. tumpêk ngalun-alun sami | wor rêngganing candhi kêmbang | Patih Dwara kawignyane | sakaning candhi rinêngga | binuntal ginundhala | rinawe-rawe amawut | sari-sari sabuwana ||

10. ginubah-gubah kinitir | asri rêngganing wiwara | sampêt sampurna rênggane | kathah lamun winuwusa | asrining cêcaruhan | ya ta sakèhing mawiku | wus kinèn praptèng Ngastina ||

11. badhe jumurung ngastuti | ing muksane sri narendra | wus mangkana ing lamine | nênggih wus dungkap sacăndra | saya gêng kang pratăndha | têngara gora gumuruh [gumu...]

--- 1 : 392 ---

[...ruh] | riwut pawana ru-ara ||

12. riris ris sru mawèh tistis | tidhêming limêngan praja | kilat caya calèrète | wor warsaya aliwêran | dhèdhèt rawati ngakak | gunung-gunung gumaludhug | riwut wase kang umiyat ||

13. gambira risang arsa nis | wuwuh santosaning driya | mangkana wau praptane | dungkap kalih dasa dina | punika ngangkat têrang | riris-riris angin surut | kari kumaraning jagat ||

14. samana datan winarni | sawusnya jangkêp sacăndra | anênggih wau sang katong | miwah Sri Bathara Krêsna | sampun sami siyaga | sakadang dayintanipun | awrasuk[10] sarwa sugănda ||

15. mêpêki sariranèki | sarta sampun pêparentah | kinèn sumiwia kabèh | otêr wong sajroning pura [pu...]

--- 1 : 393 ---

[...ra] | cèthi parêkanira | busêkan samya gumuruh | samapta arawat waspa ||

16. solahe wong dalêm puri | bingung samya bilunglungan | udrasa ing saparane | sinayut-sayut tan kêna | malah mular andadra | drawaya sanagara gung | kongasing nata mangarang ||

17. wênèh ana ingkang kari | lan rewang sami udrasa | kawlasarsa sêsambate | dhuh paran iki ta padha | gusti samyarsa muksa | adhuh lae gustiningsun | têkyarsa tilar kadhatyan ||

18. babo eman padha lalis | rasaning tyas durung măngsa | angur umadêga katong | kinawulan wong sajagat | têtêpa wiryèng donya | ana rowange amuwus | kang warnane rada pelak ||

19. dhuh bênêr [bê...]

--- 1 : 394 ---

[...nêr] wuwusirèki | witning sun iki kasmaran | mring Sang Parta mêmanise | nalikane ingsun marak | sêsaos dhêdhaharan | ginawe sawuwusipun | sinomku dèn êmak-êmak ||

20. dèn êlus kongsi marinding | padêdêngan lambung ingwang | badanku banjur ngalokro | kèthèr sasolahku nulya | Sang Parta sigra tandang | mung iku kayungyun ingsun | arêrewangan angucap ||

21. wilangan lima ping kalih | puluh-puluh raganingwang | kudu mangkene ta kiye | kaya priye gustiningwang | pêthane yèn amuksa | payo padha ngiring besuk | wruha ing gusti sadaya ||

22. lajêng samapta prasami | kadêrêng samyarsa wikan | ing kamuksane gustine | kunêng tangising jro pura | parêkan êmban inya [i...]

--- 1 : 395 ---

[...nya] | busêkan pating bilulung | wuwusên Sang Arya Sena ||

23. nimbali wayahirèki | sira Patih Danurwedha | wus prapta ngarsèng eyange | kya patih nungkêmi pada | sarwi asru karuna | Sena nênggak waspa mangu | mênggah ing driya karantan ||

24. sarwi angandika aris | babo sira dèn santosa | ing mêngko sapungkur ingong | poma sira aja rudah | iya dumèh sun tilar | kèndêl Bratasena muwus | ngandika sawêk rong kêcap ||

25. waspanira adrês mijil | kang wayah anggung sinawang | kya patih rêmpu galihe | ketang katrêsnaning eyang | radèn umatur nêmbah | adhuh jêng eyang pukulun | mugi dèn aksamanana ||

26. sampun [sampu...]

--- 1 : 396 ---

[...n] kirang martèng mami | sintên waspada mulata | ing kawula salamine | pan namung paduka eyang | yêkti tuwan tan kewran | mrih arja duhkitèng kalbu | mring amba kari anggana ||

27. kya patih lajêng anangis | Arya Bratasena mênggah | tansah amulat wayahe | tinênga sinawang-sawang | agung arawat waspa | marawayan wêtuning luh | alon dènira ngandika ||

28. kang wayah dipun paringi | alah ênya iki gada | mung kari sira kang duwe | anggonên rumêksèng praja | lan panah bargawastra | watêke kulup ing besuk | tan giris nêmpuh ing yuda ||

36. Girisa

1. kya patih sampun atămpa | pêparinge eyangira | pusaka saranèng yuda | bindi lawan bargawastra [barga...]

--- 1 : 397 ---

[...wastra] | Sang Sena malih ngandika | lah sira dipun waspada | among amêngku nagara | prihên arjane dèn kêna ||

2. aja kongsi kawistara | kabèh saisining praja | amriha rahayunira | ngèstokna parentahira | lawan padha kawruhana | solah bêcik lawan ala | pangkatên pêpancènira | dadi tan sêsiring sira ||

3. pamongira maring wadya | aywa jrih lèmèr ing karsa | dèn samapta abipraya | akunên kadang sanyata | emanên kang kadya yoga | aja pijêr adêduka | dèn santa agnyananira | supaya anyudarsana ||

4. kabèh sawawêngkonira | sira katêmpuh ing karya | ana wadya nyudarsana | lêstarining barang karya |

--- 1 : 398 ---

tan liya saka si patya | karsaning sri naranata | wus ginadhuhakên samya | marang risang mantrimuka ||

5. milane dèn mrih utama | nistha adile tan ana | mijil akale tan nyata | yèn karêm saramèng wadya | hèh poma aja mangkana | yêkti antuk dosèng nata | rèhning sira pan kinarya | warăngka mêngkoni praja ||

6. saobah-osiking praja | iku kaki awasêna | kang wayah matur sandika | babo sira wayah ingwang | yèn sira mrih kasampurnan | aja pijêr arêrasan | mardia dèn babar pisan | kang wayah umatur sigra ||

7. pukulun kang kinawasa | kawula nuwun uninga | sabda yu ingkang mangkana | paran gèn amba wikana | yèn [yè...]

--- 1 : 399 ---

[...n] eyang datan paringa | sanyataning sastra cêtha | kang eyang alon ngandika | sarwa ambêkuh karuna ||

8. hèh babo Si Ăntarêja | dene cêblunge aguna | waskitha limpat ing basa | sigra nêmbah sang apatya | marêk ngarsa eyangira | Sang Sena alon ngandika | mènglènga karna kang kiwa | lawan sira dèn abisa ||

9. nampani aywa sandeya | dèn santosa adilira | kang wayah matur sandika | nulya winisik karnanya | ing rèh kasampurnanira | sampêt sawus sadurungnya | wus kamot sira Kya Patya | Danurwedha awidagda ||

10. tan samar moring dumadya | tuhu wayah Bayusuta | tan kewran wrin ing warana | sawusnya gya mangarcana | ing eyang Sang Bratasena [Brata...]

--- 1 : 400 ---

[...sena] | sarwi alon aturira | dhuh eyang manah kawula | upami kadi kumbaya ||

11. dupi antuk sih paduka | wêwisik ingkang mangkana | kumbaya wus isi toya | wêning ngumala utama | kang eyang malih ngandika | upamane ingkang wrêksa | saking wiji tuwuhira | duk thukul anèng bantala ||

12. ingkang tuwuh dhingin lata | nulya nganakakên wrêksa | sawusnya tuwuh kang wrêksa | wrêksa kang mijilkên pala | poma kaki kawruhana | kang mangkono nora beda | manungsa saking Hyang Êsa | nitahkên rasa manungsa ||

13. ingkang măngka patrapira | de kagungan nêpsu hawa | dadya nitahkên tênaya | dene wau ingkang wrêksa | yèn cinêgah dening warsa | kang wrêksa nuli palastra | iya saking luhurira |

--- 1 : 401 ---

ron pêjah praptèng witira ||

14. abali mring oyotira | mangkono ingkang manungsa | sing luhur mangandhap sigra | praptaning jangji samana | waluya tunggal sasana | lawan wit purwaning êsa | hèh kaki aywa sandeya | dèn waspada dunungira ||

15. kang wayah matur sandika | sigra majêng mangarcana | ing padane eyangira | pinêngkul lungayanira | kang eyang malih ngandika | sarwi sru wêdaling waspa | adhuh babo ingsun nyawa | sira wus bangkit utama ||

16. kang wayah bela karuna | anggung sumungkêm ing pada | kang eyang kathah karasa | tambuh karsaning wardaya | langkung rêntêng kalihira | tikbra dahat sang apatya | dènnyarsa tinilar murca | rumăngsa kari anggana ||

--- 1 : 402 ---

17. wus mangkana ênêngêna | wêwulange Bratasena | mring wayah sang mantrimukya | sinamur rêroncènira | wuwusên wau kang prapta | utusane sri narendra | nimbali Sang Arya Sena | dinalih lamun sang arya ||

18. kandhêg dening wayahira | lir tumolih mring siwaya | miwah ing kawiryanira | sang arya gya lumaksana | kerit dutane sang nata | lawan Arya Danurwedha | maksih tut wuri kewala | lir rêtna kentir ing toya ||

37. Maskumambang

1. ya ta wau lampahe Sang Bayusiwi | ingiring kang wayah | Danurwedha atut wuri | saksana Sang Bratasena ||

2. nolih marang kang wayah dhinupak aglis | samana sang patya | tampi sasmitaning kaki | gya

--- 1 : 403 ---

wangsul mring pasewakan ||

3. lampahira Bayutênaya wus prapti | ngajênganing raka | ngandika Sri Harimurti | yayi Sena paran marma ||

4. kongsi dangu yayi ênggonira prapti | akèh kadangira | wus sampêt samapta sami | iku manganti ing sira ||

5. alon matur sira Risang Bayusiwi | mulane ta ingwang | kongsi dangu nora prapti | ginubêl ing wayahira ||

6. Danurwedha iku angrubêdi ati | ambêncanèng lampah | yèn ajaa ingsun kikis | mèh gingsir kênèng bancana ||

7. alon angling Sri Bathara Harimurti | andupara sira | yayi kênèng ing gêgingsir | sapa ingkang kaya sira ||

8. kabèh iki kauban ing sira yayi | wasitanta ring rat |

--- 1 : 404 ---

wasistha prayitnèng pati | yayi kabèh amung sira ||

9. sawusira mangkana nulya miranti | mijil para garwa | kerit dening Dèwi Kunthi | ginarbêg para pawongan ||

10. sru gumuruh tangise wong dalêm puri | wau ta samana | dening Sang Rêtna Untari | kadêrêng kêdah uninga ||

11. wus linilan sigra budhal saking puri | kinanthi kang putra | Prabu Dipayana Aji | sadaya wus sami budhal ||

12. akêkanthèn lawan garwanya pribadi | amung Sri Kunthia | Bathara Krêsna kang nganthi | nulya praptèng pasewakan ||

13. orêg sagung wadyabala ingkang nangkil | tuwin kang tumingal | kumêpyur tyas lir dèn iris | duk tumingal ing sang nata ||

14. mijil waspa kabèh wong ing Ngastina di | mangkana sang nata |

--- 1 : 405 ---

lawan ingkang para putri | ya ta wus dangu wiyosnya ||

15. tan antara wau ta sri narapati | lajêng sami lênggah | mrêpêki kang candhi sari | sagarwa kadang sadaya ||

16. para wiku umarêk sampun miranti | ya ta Prabu Krêsna | sasmita mring raka aji | Baladewa ingaturan ||

17. ngondurêna kang putra Dèwi Untari | manawi punika | sruning ardayanirèki | ing satêmah dadya karya ||

18. nulya Prabu Baladewa marêpêki | Untari ingatag | sayogyane sira nini | kundura marang kadhatyan ||

19. lamun sira maksih katon anèng ngriki | kabèh wong tuwanya | sayêkti mandhêg tumolih | mring sira dene tinilar ||

20. lah wêlasa kabèh wong tuwanirèki | samana [sa...]

--- 1 : 406 ---

[...mana] sang rêtna | Untari trênyuh ing galih | wasana datan lênggana ||

21. sampun nitih jêmpana manjing ing puri | sru ardayanira | yayah tanpanon wiyati | sapraptaning dhatulaya ||

22. laju manjing ing pajungutan sang putri | dahat karêrantan | rêntênging tyas rontang-ranting | ketang kang sami amuksa ||

23. ênêngêna wau Kusuma Untari | ya ta kawuwusa | bathara ing Dwarawati | sampun umarêk ing ngarsa ||

24. alon matur mring kang ibu Dèwi Kunthi | dhuh bibi sumăngga | yèn wus sampêt ing panggalih | nuntên paduka manjinga ||

25. candhi sêkar sampun adangu puniki | sigra sang lir rêtna | manjing salêbêting candhi | wau ta ingkang tumingal ||

26. trênyuh ing tyas lir coplok ingkang panggalih | kabèh [ka...]

--- 1 : 407 ---

[...bèh] wong Ngastina | kumêlap gêtêr ing ati | wau kang umanjing sigra ||

27. rinacut ing karsa amawanti-wanti | dangu tan sampurna | tuwin ingkang para rêsi | nityasa amangastawa ||

28. mêksa datan prapta antaraning pati | kewran para putra | sigra Prabu Harimurti | amisik mring Yudhisthira ||

29. paran yayi makatên anglêlingsêmi | jêng bibi punika | margêgêg kemawon yayi | manawi sami ing karsa ||

30. atêrêna ing kalimasada aglis | sigra sri narendra | ngambil kalimausadi | sinawatan ibunira ||

31. tan antara sirna angganya sang dèwi | jumêgur ngawiyat | sarêng murcaning kintèki | jawata manadukara ||

32. ngudanakên kêmbang-kêmbang amêpêki | riris-riris gănda- | wida tumêrah ing siti | lêga

--- 1 : 408 ---

tyase para putra ||

33. sigra manjing Prabu Yudhisthira aglis | lawan ingkang garwa | amusthi êninging pati | tan antara lajêng sirna ||

34. sakuwănda kalihira ing wiyati | jawata wèh tăndha | tuhu sampurna ing pati | orêg kang pratala obah ||

35. gonjang-ganjing kumocak ing jalanidhi | nulya Prabu Krêsna | Sang Sena ingatag aglis | Wrêkudara alon mojar ||

36. lah ta kakang ingsun ingkang angèrèni | tan arsa wak ingwang | memba pakartinirèki | sigra Sri Krêsna parentah ||

37. mring Sang Parta kinèn umanjing rumiyin | mangsah Sang Arjuna | lawan garwanira kalih | praptaning jro candhi kêmbang ||

38. wus angracut karsa sampurna tumuli | lawan garwanira | sru jumêgur ing wiyati | pratandhanirèng jawata ||

--- 1 : 409 ---

39. nulya ari Nangkula Sadewa manjing | candhi paripurna | sampurna wau sang kalih | ya ta mung kari Sang Sena ||

40. lawan ingkang raka Prabu Harimurti | alon angandika | paran mêngko yayi iki | kari sira lawan ingwang ||

41. sayogyane sira kang dhingini yayi | ingsun arsa wikan | marang pakartinirèki | aywa kadangon riningwang ||

42. kadangira kabèh wus antara sami | matur Risang Sena | iya kakang dèn aririh | ing karsa dipun sarănta ||

43. nora kêna kalamun ing jênêng mami | pinarosèng karsa | kakang nganggo ngati-ati | tiwasa ing karsa tuna ||

44. tanpa gawe iya jênênging aurip | tan wruh kene kana | wusanane nêniwasi | ing dêlahan [dêlah...]

--- 1 : 410 ---

[...an] mindho karya ||

45. pae kadang-kadangira kabèh nguni | yèn Si Bratasena | mangkono pakartinèki | kawruh durung paja-paja ||

46. dungkap marang kanyataaning aurip | uripe sapisan | arsa ginawe ping kalih | ing têmahan iku nistha ||

47. lah dulunên kakang ing mêngko sun iki | praptaning wêkasan | tinata rakiting pati | kanthi utamaning sêdya ||

38. Kinanthi

1. Bathara Krêsna lingnya rum | adhuh Sena ari mami | sun iki dahat kacaryan | marang ing wuwusirèki | paran bisa anunggala | Bratasena anauri ||

2. kakang iku wus katutup | lire wus prapta ing jangji | kari gadhug kanyataan | iya sira lawan [la...]

--- 1 : 411 ---

[...wan] mami | mêngko ingaranan kadang | gaib yèn wus praptèng pati ||

3. lah payo kakang dèn gupuh | marganana ingsun iki | iya ta sampurnaningwang | kudu nganggo marga sakit | yêkti panuntuning napas | lah ta kakang dipun aglis ||

4. bubutên kang wulu puhun | yêkti ingsung ngraos sakit | ing kono marganing pêjah | nulya Prabu Harimurti | andaut wulu Sang Sena | sawiji kang anèng sikil ||

5. wus kabêdhol wulunipun | Bratasena matur aris | dhuh kakang wus dadya marga | dene sun wus ngraos sakit | sigra Arya Wrêkudara | păncanakanira kalih ||

6. kinêthokan kalihipun | ya ta wau duk ningali | sira Sri Bathara Krêsna | kang rayi [ra...]

--- 1 : 412 ---

[...yi] pinêngkul aglis | adhuh yayi paran marma | mangkono tingkahirèki ||

7. Bratasena malih matur | lah kakang milane iki | sun tigas kang păncanaka | manawa ngregoni pati | jêr iku dadi busana | karya kasuraning galih ||

8. ing satêmah mangu-mangu | mulata kasêktèn mami | ambawur êninging karsa | Prabu Krêsna brêbês mili | kang rayi anggung sinapa | Bratasena buwang malih ||

9. gêgodhèg wok simbaripun | sadaya wus pinrih rêsik | Sang Sena lamun sinawang | ical sipating sujalmi | sasat Suksma ngejawantah | cahyanya wênis angrungih ||

10. sru sumorot angênguwung | mangkana Sri Harimurti | sigra rinangkul rinira | sarwi karuna sang aji | adhuh Sena ariningwang | mangkono tekatirèki ||

11. Wrêkudara malih matur |

--- 1 : 413 ---

lah kakang jamaning pati | aja misih anggêgawa | rêgêding jisim puniki | pae lan kang padha pêjah | tanpa sinêdya sayêkti ||

12. yêktine puniku kuwur | riwut angraoskên sakit | mungguh iki raganingwang | patine sinêdyèng kapti | dadi ing karsa tan samar | ing rèh samapta ing pati ||

13. samana kang sami ngrungu | Prabu Dipayana Aji | lan eyang Sri Baladewa | tuwin kang samya nèng ngarsi | ngênglêng sru kampitèng driya | trênyuh tyas kadya angimpi ||

14. dènira sami andulu | sagung ingkang para aji | maring kang sami amuksa | yayah nistha sêsotya di | kang luwih pangajinira | rêntah têlênging jaladri ||

15. paran gonira anggayuh | sayêkti tan bisa ngambil | pinupus onêng kalintang | ilange sotya linuwih | kaya [ka...]

--- 1 : 414 ---

[...ya] mangkana pamanya | rêntênging wong sanêgari ||

16. Bratasena malih matur | lah kakang iki wus prapti | sasmitaning kasunyatan | ana warna Krêsna prapti | pan iku lagya sapisan | karsaning kaanan jati ||

17. Bathara Krêsna angungun | ngênglêng angandika aris | paran yayi kang mangkana | Bratasena anauri | kakang iku iya jaman | padha mijil saka mami ||

18. nanging yèn kang salang-surup | kagupuhên ing pangèksi | tibèng kono luwih sasar | jêr dudu ingkang dèn anti | Sena kèndêl wuwusira | ngêningkên karsanirèki ||

19. winingkis ing karsanipun | kinumpul ing tyas sawiji | rinacut pacuwanira | rinakit jagatirèki | nglela nora kakalingan |

--- 1 : 415 ---

Bathara Krêsna lon angling ||

20. adhuh Sena ariningsun | pagene sira tan angling | apa yayi anèng sira | Wrêkudara anauri | kakang iki malih prapta | pratăndha kang kaping kalih ||

21. rêta kadulu maring sun | iya padha saking mami | yèn ta age-age karsa | tan wun kono tibanèki | ya maksih panggawe sasar | Wrêkudara kèndêl malih ||

22. panarikira tan asru | ing napas datan katawis | kang mulat datan graita | jatine wus anêngahi | Bathara Krêsna lon mojar | kang raya[11] sinapa malih ||

23. ya pagene ariningsun | têka sira kèndêl malih | apa ingkang katingalan | Bratasena anauri | lah iki pita katingal | ana prabane [pra...]

--- 1 : 416 ---

[...bane] nêlahi ||

24. dene iku iya dudu | jatining kaanan mami | yèn kagingsirên ing tingal | yêkti dêdunung ing kuning | kabèh kadang-kadangira | kakang mung prapta ing ngriki ||

25. jêr padha kadung ing kawruh | nora sarănta ing budi | iya lamun jênêng ingwang | durung paja-paja ugi | kabèh iku angrêncana | anyampuri kang sajati ||

26. Sang Sena kèndêl tan muwus | ing karsa pinusthi malih | angayun-ayun kang nyata | Sri Krêsna graitèng galih | luwih têmên ariningwang | tyase apindha jaladri ||

27. kang rayi sinapa gupuh | paran kèndêlira yayi | ana malih katingalan | Wrêkudara anauri | ana jaman warni seta | prabane anglêluwihi ||

28. parandene [para...]

--- 1 : 417 ---

[...ndene] maksih durung | jatine kang ingsun anti | nanging ta wus parêk uga | kakang mung kurang ping kalih | mangu-mangu Prabu Krêsna | ngênglêng dènira miyarsi ||

29. Sang Sena maksih andulu | lir prabaning ujwala di | sumunu gumilang-gilang | kentar wayangan sayêkti | sirna malih katingalan | sinamar jatining warni ||

30. kakang lah iki wus rawuh | jatine panunggal mami | sigra Sang Sena samapta | sidhakêp astanya kalih | ngèsthi mring wujud satunggal | sri nata umangkat aglis ||

39. Sinom

1. muksane Sang Wrêkudara | saantarane mangèksi | lir amung sakêdhap netra | wahyaning Suksma duk prapti | anglimputi sabumi |

--- 1 : 418 ---

gumilang-gilang kalangkung | amung sakbyaring kilat | sarêng lawan Bayusiwi | muksanira mring kaaning kamuksan |[12]|

2. caritane Bratasena | jatine Islam sêjati | kakekate luwih mulya | duk kawêjang Dewaruci | anèng têngah jaladri | sinung wêwisik satuhu | marang sang dewa bajang | Bratasena ing samangkin | rawineslam wus pinanci rijallolah ||

3. yèku kang aran Sèh Seban | mangkana malih winarni | nênggih Sri Bathara Krêsna | lawan Sri Baladewa Ji | miwah Sri Parikêsit | myang sawadyabalanipun | nalikanya tumingal | Sang Sena muksanirèki | netranira lir sinaput tanpa mulat ||

4. balêrêngên dening cahya |

--- 1 : 419 ---

kadya katênggêngên sami | lape tan ana kang wikan | dupi sampurnèng pangèksi | Sena wus tan kaèksi | kabèh tyasira kumêpyur | muriring sru mangarang | rêntênging driya mung tangis | kengis kosus ngênêsing wong sanagara ||

5. pratandhanirèng duhkita | dalajat saya gung prapti | sigra Sri Bathara Krêsna | samapta wus mangkat nuli | ing kamuksan pinusthi | saksana sirna sang prabu | ilang kamanungsannya | jumêgur ing awiyati | pêtêng dhêdhêt limêngan ing panangkilan ||

6. obah kang pratala molah | lindhu orêg gonjang-ganjing | jingjang Hyang Anantaboga | gêtêr-patêr ingkang wukir | lir Suksma krodhèng bumi | winangsul ing awang-uwung | sigra para pandhita | kumpul parêng [pa...]

--- 1 : 420 ---

[...rêng] mangastuti | amêminta ing dewa lêstarinira ||

7. karaharjaning kanang rat | tan antara andhatêngi | marmaning Suksma Kawêkas | wêruh limêngan sirna nis | riris-riris wus aris | samirananing kang têruh | dhêdhêt pêtêngnya ilang | mung kari ngênglênging ati | trênyuhira wardayaning para nata ||

8. wau ingkang para wayah | sru kakênan ing tyas tistis | tuwin Prabu Baladewa | prasamya kabyatan wingit | èngêt ingkang samya nis | kapêtêk ing tyas sumaput | pêpêt driya mangarang | Prabu Dipayana Aji | mèh tan emut kalimput ing palênglêngan ||

9. labête maksih taruna | sêdhepon sri narapati | luntur saking ing dhampar mas | sumaput saking ing siti | gupuh Baladewa Ji | kang wayah cinandhak gupuh | pan sarwi tinangisan [ti...]

--- 1 : 421 ---

[...nangisan] | dhuh emuta sira gusti | lamun dadya kalêngkaning pramudita ||

10. wêlasa ing wong sapraja | kabèh kadang warganèki | yèn gusti têmah antaka | sapa ta ingkang siniwi | lawan tan nêdya kari | yêkti milu bela lampus | milane sri narendra | dèn tulus asihèng bumi | duk miyarsa sira Prabu Dipayana ||

11. èngêt sanalika lênggah | ing dhêdhampar sêsotya di | pinupus pêpasthènira | lipuring tyas sanagari | wau sri narapati | pangandikanira arum | parentah amêmatah | panuturirèng kapatin | lawan kinèn ambage kang cêcaruhan ||

12. maring kang para pandhita | miwah kang badhe binêsmi | kya patih matur sandika | sampun binage

--- 1 : 422 ---

tumuli | miwah ingkang binêsmi | pinanjingkên gêni murup | candhi wus ingobaran | têlas sadaya tan kari | paripurna panuturirèng kamuksan ||

13. sang nata kundur ngadhatyan | bubar kang samya anangkil | amakuwon sowang-sowang | marêngi salining warsi | taun surya winilis | winarna sangkalanipun | jroning Pandhawa muksa | sarira gunaning ardi |[13] taunirèng candra mangkana ingetang ||

14. winuwusa sêngkalannya | janma winayanging rêsi |[14] samana datan winarna | rêrêm antaranirèki | gunge ingkang prihatin | sanagara grah angadhuh | ing mangke wus sampurna | maring kang duhkitèng galih | sri narendra anuju sawiji dina ||

15. miyos tinangkil sang nata | pêpak [pê...]

--- 1 : 423 ---

[...pak] sagung kang sumiwi | andhèr ingkang para raja | miwah satriya bupati | supênuh păncaniti | kyana patih kalihipun | sira Sang Arya Dwara | myang Danurwedha Apatih | kang kaparêk ing ngabyantara narendra ||

16. tuwin kang eyang Mandura | lan Subrastha jajar linggih | kanan kering ingkang wayah | ngamping-ampingi tan têbih | risang prabu taruni | lênggah ing dhampar mas murub | pinatik ing sêsotya | lèmèk babut prangwêdani | sri kawuryan dhêdhampar rinajarêngga ||

17. mrabani sapanangkilan | lir raditya tibèng bumi | sêmbada kang madêg nata | ruruh taruna rêspati | tuhu kalamun pêkik | cahya amindha sitangsu | ngasorkên langêning rat | kucêm ingkang samya

--- 1 : 424 ---

nangkil | kaungkulan rêspatining sri narendra ||

18. samana Sri Dipayana | wus pinasthi ing dewadi | kalêngkaning pramudita | tinitah narendra adil | tanah Jawi miwiti | ing mangke sira sang prabu | matur marang kang eyang | Bagawan Baladewa Ji | lamun badhe angadêgakên punggawa ||

19. para santana Ngastina | têdhaking Kurawa nguni | miwah ri Natèng Mandura | miwah kadang Dwarawati | kang eyang sukang[15] galih | jumurung karsa sang prabu | sang nata pêparentah | sadaya kinèn nimbali | ingkang badhe samya kinarya punggawa ||

20. kya patih matur sandika | sampun sami dèn timbali | Mandura Radèn Sarsana | Radèn Dewana kang rayi | sutèng Wisatha sami | Radèn [Ra...]

--- 1 : 425 ---

[...dèn] Sêsa kalihipun | lan ari Dyan Satmata | sutane Durmuka katri | katigane nênggih Rahadèn Harmata ||

21. katiga trahing Kurawa | dene wayah Dwarawati | sutane Arya Sarana | Radèn Sêsara wêwangi | Dyan Sêraba kang rayi | lawan wontên malihipun | wasta Radèn Tambara | Arya Durbara kang siwi | ingkang wayah punika Radèn Durmuka ||

22. tuwin Rahadèn Surata | sutane Wiruta nguni | wayahe Sang Jayadrata | dene wayah Drupada Ji | Dhusthajumêna nguni | Radèn Dyasthara ranipun | arine Sri Dhusthaka | ing Ngamarta Sri Bupati | miwah sutanipun Sang Prabu Mandraka ||

23. nênggih Sang Prabu Kesrawa | Arya Bètu kang wêwangi | wayah Arya

--- 1 : 426 ---

Burisrawa | sadaya wus dèn timbali | praptèng ngabyantara ji | sang nata sampun dhêdhawuh | sagunging pra santana | kinarya punggawa sami | wus pinatah pêpangkating kawiryawan ||

24. sadaya nuwun sandika | sigra samya mangênjali | ing pada sri naranata | kang mêntas ngadêkkên nênggih | nulya malih nimbali | Dhanghyang Prawa wastanipun | Bagawan Erawana | punika ingkang sêsiwi | wayahira nguni Bagawan Mèndriya ||

25. nênggih kinarya brahmana | nuwun sandika wotsari | wau ta sri naranata | wus dangu dènnya tinangkil | jêngkar malêbèng puri | kang sewaka bubar sampun | mring wisma sowang-sowang | samana datan winarni | lêlakune nênggih sajroning sawarsa ||

26. wuwusên asalin warsa | taun surya kang winilis | anênggih [a...]

--- 1 : 427 ---

[...nênggih] sangkalanira | têrus wedaning sang rêsi |[16] taun candra marêngi | samana sangkalanipun | pêksa angganing warsa |[17] kocapa malih winarni | wontên ratu sara prakosèng ayuda ||

27. nama Prabu Wahèswara | ing Singala prajanèki | sutane Sri Bagadênta | ratu pratamèng ajurit | sugih bala sinêkti | miwah ta pêpatihipun | kasup kaonang-onang | kasêntikaning ajurit | ing nalika punika Sri Wahèswara ||

28. budhal marang ing Ngastina | nêdya amalês pêpati | marang têdhaking Pandhawa | badhe pinurwèng ajurit | karana duk ing nguni | ingkang rama sedanipun | Sang Prabu Bagadênta | Sang Arjuna kang

--- 1 : 428 ---

matèni | pinarwasèng nalika prang Bratayuda ||

29. mila sakalangkung duka | mangănta-ănta sang aji | praptèng talatah Ngastina | lajêng ngrayah ngrêrusuhi | sang nata sawadyèki | saha-saha ngamuk punggung | nir baya nir wikara | samya suka mêmatèni | wadyabala gung alit bêrêg maesa ||

 


satunggil. (kembali)
Lebih satu suku kata: wontên ngriku kawarti sagunging janmi. (kembali)
Seharusnya halaman 344 dan seterusnya. (kembali)
tugur. (kembali)
Teks asli tidak terbaca: halaman kotor. (kembali)
Kurang empat suku kata. Semestinya suku kata yang kurang ini terdapat di bagian kotor. (kembali)
Tanggal: sarira tri nèng arga (738 taun surya). (kembali)
Tanggal: janma winayang ing swara (761 taun căndra). (kembali)
tumrah. (kembali)
10 angrasuk. (kembali)
11 rayi. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: muksanira mring kaananing kamuksan. (kembali)
13 Tanggal: sarira gunaning ardi (738 taun surya). (kembali)
14 Tanggal: janma winayanging rêsi (761 taun căndra). (kembali)
15 sukèng. (kembali)
16 Tanggal: têrus wedaning sang rêsi (739 taun surya). Semestinya taun surya 789 berdasarkan taun căndra 1812 berikut. (kembali)
17 Tanggal: pêksa angganing warsa (812 taun căndra). (kembali)