Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 40–49)

Judul
Sambungan
1. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 01–09). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 10–19). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 20–29). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 30–39). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
5. Karimataya, Anonim, 1906, #137 (Pupuh 40–49). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 05-07-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

40. Durma

1. gègèr otêr mantri tampingan lumajar | lumayu manjing puri | sigra tur uninga | marang sri naranata | nuju miyos sri bupati | aglar kang seba | supênuh păncaniti ||

2. wadyabala prawira myang para nata | andhèr ngabyantara ji | sigra wong tampingan | mangsah umatur nêmbah | katur sasolahirèki | praptaning mêngsah | wiwitan amêkasi ||

3. sri narendra kagyat duk miyarsa

--- 1 : 429 ---

turnya | gugup parentah nuli | maring Patih Dwara | sawadya para nata | ingkang eyang dèn aturi | Sri Baladewa | kinèn mapaka jurit ||

4. lawan pamanira Sang Arya Subrastha | kinèn samya nindhihi | baris ing Ngastina | kabèh matur sandika | nulya ngadhaton sang aji | kang wadyabala | siyaga ing ajurit ||

5. tan antara sadaya samapta budhal | rêrikatan wus mijil | saking jro nagara | kadya samodra wutah | balabar ngêbêki bumi | gunging kang wadya | Ngastina gêgirisi ||

6. pangiriding prang Bagawan Baladewa | lawan Subrastha nênggih | Patih Danurwedha | tuwin Arya Nirbita | Wiratha saputranèki | Arya [Ar...]

--- 1 : 430 ---

[...ya] Kawakya | sagêgamaning jurit ||

7. tuwin Prabu Satyaka lan Lesanpura | nênggih Prabu Sêtyaki | sawadyabalanya | lawan Natèng Ngamarta | Prabu Dhêsthaka Sang Aji | samya gambira | praptèng jaban nagari ||

8. tata baris malapar ngêbêki papan | pajêg tan nguciwani | wau ta kocapa | baris mêngsahing bala | dupi katingalan sami | wadya Ngastina | angrèp samya umijil ||

9. tri gumuruh wadya Singala umangsah | tan taha nêmpuh wani | duk ing angkatira | sangking nagri Singala | tan ana kang nyana urip | mila tandangnya | masinga nabda ngungkih ||

10. gumarêgut lir sardula yun mamăngsa | sabyantu ambêk pati | sigra pinarbutan | dening wadya Ngastina | gumuruh kagiri-giri | rame kang swara [swa...]

--- 1 : 431 ---

[...ra] | tan ana nguciwani ||

11. ramening prang gêgaman parêng têmpuhnya | lumarap kilat thathit | danguning ayuda | tan ana kang kasoran | sami prawirane kalih | mungsuh lan rowang | wus samya ambêk pati ||

12. pêtêng dhêdhêt balêdug nglimputi papan | kuwur riwuting jurit | kuwêl kiwuling prang | agantya long-linongan | Arya Nirbita kasilip | lena solahnya | seda madyaning jurit ||

13. dening Patih Singala ingkang marjaya | wau duk aningali | sirarya Kawakya | lamun kang rama seda | bramantya manêmpuh wani | gêgêtêm ing prang | ngungsir yudaning patih ||

14. pinarbutan dening Ki Patih Nirbaya | Patih Singala nagri | Sang Arya Kawakya |

--- 1 : 432 ---

sinawat ngalugora | pêcah Kawakya ngêmasi | ya ta katingal | mring Danurwedha Patih ||

15. lamun Arya Kawakya matyèng alaga | lawan ramanirèki | Sang Arya Nirbita | sigra Sang Danurwedha | pêpulih ing ajurit |[1] singa kacandhak | tinapuk angêmasi ||

16. Kyana Patih Nirbaya gupuh anyawat | alugora ngênèni | marang Danurwedha | sêsawat tibèng jaja | tan tular sumyur nèng siti | nulya kacandhak | Sang Nirbaya binanting ||

17. angganipun Patih Singala tan kalap | mawut wus angêmasi | dening Danurwedha | ngamuk sura tan taha | tuhu prakosèng ajurit | punggawanira | Singala tumpês tapis ||

18. wus katingal dening Prabu Wahèswara | lamun patihe mati | miwah punggawanya | kathah kang kapracondhang | bramantya sigra ngawaki | mangsah panêngah [panê...]

--- 1 : 433 ---

[...ngah] | kotbuta sru mangungkih ||

19. pinarbutan dening para raja-raja | Ngastina yitnèng wèsthi | Patih Danurwedha | lan Natèng Lesanpura | tuwin Prabu Dwarawati | miwah Ngamarta | Prabu Dhêsthaka Aji ||

20. Sri Narendra Singala wau duk mulat | lamun kinalang sami | sang nata gambira | tan kewran solahira | sura tan taha bêk pati | sigra narajang | mring Danurwedha Patih ||

21. tinadhahan panggah sami prakosanya | datan kuciwa kalih | ngadu kaprawiran | kalih sami kuwatnya | dangu-dangu sri bupati | kontit solahnya | ing yuda wus katitih ||

22. dyan tinêpak dening Patih Danurwedha | pêcah jajanirèki | asumyur wor kisma | galêpung angganira | wadya sasesaning pati | bubar

--- 1 : 434 ---

sasaran | tan ana măngga pulih ||

23. kang kacandhak pan sampun sami tinawan | lajêng sapih kang jurit | Prabu Baladewa | lan sagung para nata | wus samya nunggal ing baris | sami aseban | ngasokkên ing wadya lit ||

24. sri bagawan dahat sungkawaning driya | lan sagung para aji | sedane Nirbita | miwah Arya Kawakya | karănta-rănta prasami | wadya Wiratha | umyung samya anangis ||

25. bilulungan ardaya sarowangira | dènnya kelangan gusti | tambuh solahira | ura tataning wadya | lir sapu tanpa têtali | kuwur sadaya | wong Wiratha kang kari ||

26. wus sinapih dening Prabu Baladewa | aja na kang prihatin | dèn padha narima | yèn titahing jawata | lenane gustinirèki | wus janjinira | satriya [sa...]

--- 1 : 435 ---

[...triya] matyèng jurit ||

27. wruhanira pêpacanganing utama | yêkti nisthaning urip | mulane ta padha | maria duka karsa | patine Nirbita iki | sanadyan nistha | yêkti manggih utami ||

28. duk miyarsa sagung wadya ing Wiratha | mring pangandika aji | wus lêjar sadaya | pinupus papêsthènnya | karsaning jawata luwih | dadya samana | lêjar wus ngumpul sami ||

29. nunggil wadyanira para raja-raja | wau ta tan winarni | ing antaranira | lawan sirnaning mêngsah | sawusnya putus kang pikir | lajêng budhalan | datan winarnèng margi ||

30. praptèng pura kang sami mêntas ayuda | nulya atur udani | marang sri narendra | sadaya tinimbalan | Patih Dwara kang pangirit | praptèng byantara | nata wus tata linggih ||

31. Sri Bagawan Baladewa [Balade...]

--- 1 : 436 ---

[...wa] wus ngancaran | satata lan sang aji | lawan ingkang paman | sira Arya Subrastha | Sri Sêtyaka lan Sêtyaki | lênggah ing ngarsa | satata myang para ji ||

32. Patih Dwara jajar lawan Danurwedha | miwah Ngamarta Aji | mangkana sang nata | nambrama ing pambagya | Bagawan Baladewa Ji | matur wêwarta | sasolahe tinuding ||

33. ing wiwitan kongsi prapta ing wêkasan | suka ngungun sang aji | sukane kang mêngsah | sirnane tan kukupan | dene pangunguning galih | Arya Nirbita | lena madyaning jurit ||

34. lawan Arya Kawakya mati ing rana | sungkawèng tyas sang aji | têmah rawat waspa | kabèh kang anèng ngarsa | bela sungkawaning gusti | dadya samana | pinupus wus pinasthi ||

35. karsaning Hyang kang murwèng jagat pratingkah | wus têntrêm kang prihatin | gya ginanjar [gi...]

--- 1 : 437 ---

[...nanjar] samya | kang mênang mêntas yuda | ing wastra warastra luwih | sagung narendra | suka gambuh ningali ||

41. Gambuh

1. ngandika sang aprabu | aparentah ingkang para ratu | miwah marang sira kyana patih kalih | kang dadya karsa sang prabu | nagri ing Wiratha mangko ||

2. ingaturkên kang ibu | dadya panandhon kewala iku | mari dadi nagara lawan kinardi | udyana lêlangên prabu | miwah karsane sang katong ||

3. ingêlih namanipun | ing Andongwilis puniku patut | dene sagung punggawa Wiratha nguni | samya kinèn atêtunggu | ing lêlangên sang akatong ||

4. kya patih kalihipun | tuwin sagung ingkang para ratu | tur sandika wus misuwur sanagari | wadyèng Wiratha sadarum |

--- 1 : 438 ---

wus kalilan mulih bodhol ||

5. wau ta para ratu | wus dangu andhèr ngarsa sang prabu | sampun sami amit mijil dèn lilani | Prabu Sêtyaki mit sampun | mring Lesanpura Sang Katong ||

6. nênggih kalilan sampun | praptaning jawi kang para ratu | amakuwon sajuru-juru prasami | ya ta sajroning kadhatun | nalika gumrahing wartos ||

7. Nirbita sedanipun | lawan Arya Kawakya ing pupuh | kapiyarsa dening Sang Rêtna Untari | langkung angungun sang ayu | trênyuhing tyas sang lir sinom ||

8. kacuwan sang aprabu | awêwarta marang ibunipun | sangsayarda ardayanya sang lir Ratih | kang putra anggung angimur | amrih lipuring wirangrong ||

9. kang ibu sampun lipur | sri narendra

--- 1 : 439 ---

matur karsanipun | ing Wiratha mantun kinarya nagari | mung kadamêl tamanipun | kang ibu măngka panandhon ||

10. kang ibu sukèng kalbu | gantya malih samana winuwus | sawusira ing antara dina malih | nênggih Sri Sêtyaki Prabu | maring Lesanpura bodhol ||

11. datan winarnèng ênu | sri narendra praptèng prajanipun | samya suka sadaya wadya gung alit | jalu èstri suka sukur | rawuhe gusti sang kato[2] ||

12. nêngna datan winuwus | lêlakone sajroning sataun | kawuwusa amarêngi salin warsi | tauning surya pinetung | sangkalanya winiraos ||

13. sirna caturing wiku |[3] taun candra samana ingetung | sinêngkalan guna rêtuning kang ardi |[4] wontên malih

--- 1 : 440 ---

kang cinatur | ana ratu gung kinaot ||

14. Manggada puranipun | Pratisara wau ta sang prabu | sura sêkti măndraguna ing ajurit | ing nguni ingkang sêsunu | Pratideya Sang Akatong ||

15. ing nguni ramanipun | anênggih Pratideya Sang Prabu | sedanira Sri Pandhawa kang matèni | duk aprang nèng Têgal Kuru | kinasorkên ing prang popor ||

16. duk samana sang prabu | budhal saha wadyabalanipun | apan arsa malês ukum mring nagari | Ngastina arsa ginêmpur | sumêdya ing aprang popor ||

17. samana lampahipun | Natèng Manggada sawadyanipun | kèndêl anèng marga madyaning wanadri | rêmbag lawan patihipun | ing rèh tingkahing palugon ||

18. Patih Prastawa matur | adhuh gusti pukulun sang prabu | kang pawarti [pawar...]

--- 1 : 441 ---

[...ti] Ngastina sugih prajurit | anom-anom sudibya nung | naracak prawirèng kewoh ||

19. ngandika sang aprabu | iya patih dèn yitna ing kewuh | pan wus gumyah pawartane padha sêkti | wong Ngastina yèn apupuh | sarèh solahe atanggon ||

20. dene ta sira besuk | dèn padha anut solahing mungsuh | dadi nora kuciwa dangu kasêktin | sagêndhinging mungsuh tinut | yêkti ing prang tan kaloloh ||

21. patih nêmbah umatur | dhuh pukulun ing ngarsa puniku | inggih langkung prayogi ambêging aji | anut sakarsaning mungsuh | botên kuciwa tinonton ||

22. kalamun wontên ratu | wasa-wasa kadarpèng ing mungsuh | ing wêkasan kasilib têmahan kontit |

--- 1 : 442 ---

ujêr mêngsah jêng pukulun | kang gulang jayèng palugon ||

23. nêmên pamujanipun | tapabratane sami ginêmpur | mila gusti prajurite sêkti-sêkti | anom-anom bagus-bagus | tilar ing panggawe awon ||

24. pae tiyang pukulun | karêm piala sayêkti mêsum | manis ilang ulat biyas anyênyêngit | wong Pandhawa nora keguh | marang panggawe mangkono ||

25. dalasan rarenipun | bêbayi kang maksih akêkuncung | anêracak sampun kaserenan sêkti | yèn kinudang nyampe punuk | manjêlut ngalih ing tênggok ||

26. miwah ing tangisipun | pae lawan bayi ingkang jugul | pamulare bindi lawan payo jurit | ocèh-ocèhane [ocèh-o...]

--- 1 : 443 ---

[...cèhane] mungsuh | yêkti gêdhêne sugih sot ||

27. sote kalangkung ampuh | amba eram mirsa wartosipun | botên mambêt bêbayi bisa nyalênthik | gêgithok lajêng abucu | angsal mripat yêkti cotho ||

28. botên kantênta[5] ulun | amêmuji kasêktèning mungsuh | amung inggih supaya yitna ing wèsthi | sampun tuwan grusa-grusu | amrih sirnaning kang mungsoh ||

29. ngandika sang aprabu | sira iki luwih anggadêbus | ngunggulakên kasêktène mungsuh mami | nanging bênêr ing tuturmu | amung dèn angatos-atos ||

30. sabarang rèh pitutur | ala bêcik sayêktine pemut | ngelingakên alaning driya kalêmpit | ing pratingkah yêkti punjul |

--- 1 : 444 ---

ing kawruh pan ora bodhol ||

31. kyana patih andhêku | sri narendra malih ngandika rum | yèn mangkana patih budhalna tumuli | iki wus lami nèng ênu | kya patih parentah bodhol ||

32. ing marga tan winuwus | praptèng talatah Ngastina laju | angêrayah angrusak amêmatèni | gègèr dhusun akèh suwung | binahak akèh binoyong ||

33. mantri tamping lumayu | lumêbèng pura saksana laju | sri narendra anuju miyos tinangkil | ing păncaniti supênuh | pêpak ingkang para katong ||

34. andhèr kang pratiwa nung | ri sêdhêngnya gambirèng prang pupuh | Sri Bagawan Baladewa munggèng kering | lan Subrastha jajaripun | măngka pamunahing kewoh ||

35. patih kêkalihipun |

--- 1 : 445 ---

munggèng ngarsa lawan para ratu | duk samana praptane kang mantri tamping | jumujug ing ngarsa prabu | umatur sarwi wotsinom ||

36. katur sasolahipun | ing wiwitan lan wêkasanipun | praptaning kang ripu ing Manggada nagri | jawining kitha kinêpung | gugup wau sang akatong ||

37. sigra parentah sampun | mring Patih Dwara kinèn amêthuk | yudanira ing Manggada ripu prapti | ya ta sri bagawan matur | nuwun lilah badhe miyos ||

38. nindhihi ing prang pupuh | nanging kang wayah datan pinuju | kinèn gantya ingkang dèrèng mêntas jurit | pênêt asoa karuhun | ing yuda kênaka gêntos ||

42. Pangkur

1. wau ta datan winarna | wus ngadhaton wau sri narapati [narapa...]

--- 1 : 446 ---

[...ti] | kya patih parentah sampun | samapta ing ayuda | Patih Dwara têtindhihing aprang pupuh | lawan nata ing Mandura | Prabu Udara Sang Aji ||

2. miwah nata ing Mandraka | nênggih Prabu Kesrawa anindhihi | panêtêging aprang pupuh | punggawa kang binêkta | Arya Sêksa lan Saraba Arya Kèstu | kapat Rahadèn Sasana | sawadyabalanirèki ||

3. miwah wadya durandara | wus samapta kapraboning ajurit | tan antara budhal sampun | gumuruh swaranira | wadyakuswa saking jro nagara brubul | wahana awarna-warna | tan petungan gunging baris ||

4. dupi praptèng jawi kitha | wus katingal barising mungsuhnèki | Patih Dwara undhangipun | kinèn magut ing yuda |

--- 1 : 447 ---

sigra mangsah wong Ngastina kadi alun | nêmpuh barising manggada | mungsuh rowang ambêk pati ||

5. nirbaya anirwikara | caruk uwor tan ana nguciwani | ing payudan amrih kiwul | pêpati tanpetungan | long-linongan wong Manggada kabèh lampus | wong wangkening kuda liman | wahana kuda ngêmasi ||

6. angisis wadyèng Manggada | sru bramantya Patih Prastawa aglis | angawaki ing prang pupuh | sahasa tanpa taha | kang katrajang mawut kang kacandhak lampus | wong durandara kèh pêjah | kasambut madyaning jurit ||

7. pun Karma lawan Patima | myang Susalèn lena madyaning jurit | bramantya sang mantri ngayun | tuwin sagung punggawa | miwah [mi...]

--- 1 : 448 ---

[...wah] para nata angawaki pupuh | Patih Manggada pinapag | dening Saraba ing jurit ||

8. kasilib prange ki patya | dyan cinandhak tinapuk angêmasi | lajêng manêngah mangiwung | wau Radèn Saraba | mobat-mabit dènira mangungsir kiwul | wong Manggada akèh pêjah | dening Saraba ing jurit ||

9. ngisis wadya ing Manggada | asasaran padha angungsi jurit | sakarine ingkang lampus | tan ana nêdya panggah | langkung duka nênggih Pratisara Prabu | sigra mangsahkên matêngga | arsa angawaki jurit ||

10. praptèng madyaning payudan | ngamuk punggung nirbaya niring wèsthi | mawa bindi sru angiwung | saksana kinêmbulan | para Nata Ngastina parêng tumanduk | anyênyiwo wuri ngarsa | kinalang

--- 1 : 449 ---

sinupit-supit ||

11. wong Ngastina barêng surak | tri gumuruh yayah nêngkêr wiyati | ing Manggada Sang Aprabu | sayarda kruranira | anggambira kinêmbulan ing prang pupuh | tan kewran ing solahira | singa katrajang angisis ||

12. wong durandara kang pêjah | pun Karsula lan wadya Mandraka Ji | kang sami pêjah ing pupuh | awasta pun Sêraba | Kartipeya wong Mandura ingkang lampus | pun Maudara kalawan | Dorareka sarêng mati ||

13. Patih Dwara sru bramantya | sigra mapag yudane narapati | pinarbutan wus apangguh | Natèng Manggada tanya | apa sira ratu ing Ngastina Prabu | têdhaking Nata Pandhawa | dene warnamu rêspati ||

14. Patih Dwara asru ngucap | dudu ingsun iki [i...]

--- 1 : 450 ---

[...ki] amung pêpatih | Prabu Partisara muwus | eman tan dadi raja | dene iya warnamu luwih binagus | kalingane sira patya | kang mêmatah bumi-bumi ||

15. Sri Manggada lajêng nyawat | bindi maring kya patih gya nadhahi | sinarêngan parêng ucul | warastra di pamungkas | têmpuh lawan bindi rêmuk panah laju | ngênèni Natèng Manggada | pagas jangganya ngêmasi ||

16. wangkene gumuling kisma | suka kabèh kang samya aningali | patining Manggada Prabu | sagung wadya Ngastina | sarêng surak gumuntur lir gunung sèwu | wau ta bala Manggada | sasisaning ingkang mati ||

17. prasamya nungkul arisan | wus tinata dan sinapih kang jurit | para nata sampun kumpul | marêk ing sang apatya | tuwin wadya pratiwa kang prawira nung | tan antara lajêng budhal | sawadya manjing ing puri ||

--- 1 : 451 ---

18. tan winarna lampahira | sampun praptèng jro nagara sang patih | wus atur uningèng prabu | sadaya tinimbalan | manjing pura sagung ingkang para ratu | kerit Kyana Patih Dwara | miwah Danurwedha Patih ||

19. myang Bagawan Baladewa | lawan Arya Subrastha manjing puri | tuwin wadya ingkang kantun | sampun sami aseba | Sri Bagawan Baladewa tata lungguh | lan wayah sri naranata | tuwin Subrastha anunggil ||

20. dene ingkang para raja | jajar lawan kyana patih kêkalih | para punggawa ing pungkur | mangkana sang apatya | ngaturakên sasolahira prang pupuh | miwiti praptèng wêkasan | sang nata suka ing galih ||

21. tuwin kang sami miyarsa | para

--- 1 : 452 ---

wadya punggawa ingkang kari | arsa bêg sadayanipun | sirnaning mêngsahira | wus mangkana sami ginanjaran sampun | wastra warastra sarwendah | warata kang mêntas jurit ||

22. myang kabèh ingalêmbana | suka nutug kang samya angladèni | wau ta Mandura Prabu | lawan Natèng Mandraka | ing Ngamarta katiga apamit sampun | kundur maring prajanira | kalilan lajêng umijil ||

23. bubar kang samya sewaka | amakuwon sajuru-juru nênggih | sang nata manjing kadhatun | samana tan antara | prabu katri sêsarêngan bidhalipun | wus lajêng ing lampahira | datan kawarna ing margi ||

24. praptèng praja sowang-sowang | suka sukur sarawuhirèng nagri | nêngna ingkang para [pa...]

--- 1 : 453 ---

[...ra] ratu | kang maring prajanira | tan kawuwus lêlakon jroning sataun | amarêngi salin warsa | tauning surya winilis ||

25. nênggih ing sangkalanira | amarêngi bumi oyag kang ardi |[6] tauning candra pinetung | winangun sangkalanya | duk samana catur akarêngèng gunung |[7] wau ta kang cinarita | wontên ratu sura sêkti ||

26. anama Prabu Ardaka | nguni putranipun Sri Gardapati | ing Kasapta prajanipun | ing mangke sri narendra | saha wadya maring Ngastina anglurug | nêdya amalês ing pêjah | mring têdhak Pandhawa nguni ||

27. marma mangkana sang nata | amurina sedane ramanèki | duk aprang nèng Têgal Kuru | mêdali [mê...]

--- 1 : 454 ---

[...dali] Bratayuda | Sang Aparta nênggih kang marwasèng pupuh | mila Sang Prabu Ardaka | mring Ngastina andon jurit ||

28. ing sawadyabalanira | Kyana Patih Wikalpa datan kèri | umiring ing gustinipun | ing marga tan winarna | praptanira Ngastina sadaya ngamuk | samana Sri Dipayana | anuju miyos tinangkil ||

29. sawadya para narendra | ambêlabar andhèr ing păncaniti | wau mêngsah praptanipun | ing jro praja umangsah | saha bala mayuta maèwu-èwu | gègèr kang samya sewaka | gugup sigra mangsah sami ||

30. mêlandang yudaning mêngsah | wong Ngastina riwut solahirèki | mungsuh rowang sarêng têmpuh | sami krura kalihnya | lir prahara ru-ara swaraning mungsuh | rame gantya [ga...]

--- 1 : 455 ---

[...ntya] long-linongan | wong Ngastina kabèh kanin ||

31. ing yuda dèrèng siyaga | sru kabutuh sêlak ingamuk jurit | labêt ing solah kasusu | gugup kagèt kewala | sruning kuwur kawut kaamuk ing mungsuh | wadya lit samya sasaran | angungsi wurining gusti ||

32. bramantya wira Ngastina | miwah sagung pra ratu angawaki | umangsah mangungsir kiwul | wadyèng Kasapta panggah | rame angrok băndawala têpung bau | dangu tan ana kasoran | ing ayuda amrih ungkih ||

33. dangu-dangu wong Kasapta | ing ayuda mangungkih datan kongkih | kaloloh pêpatihipun | sigra Radèn Dewana | kapêlandang Patih Kasapta sinuduk | pêjah kang kuwănda sirna | wong Kasapta samya ngisis ||

34. kèsêr ngungsi ing

--- 1 : 456 ---

gustinya | Sri Narendra Ardaka duk ningali | sirnane pêpatihipun | sang nata langkung duka | sigra mangsah ngawaki angamuk punggung | singa katarajang bubar | kang kacandhak angêmasi ||

35. pinarbutan para nata | Patih Danurwedha sêdya ngêmbari | yudane Kasapta Prabu | rikat sang mantrimuka | Sri Ardaka pinagut sampun kapangguh | pupuh-pinupuh sarêng wal | sami prawiranirèki ||

36. kotbuta sami kruranya | mèh katimpah sira sang nindyamantri | èngêt ing wêwulangipun | kang eyang Bratasena | sakèh ingkang aji jaya tumpêk sampun | kirig sanalika mangkrak | yèn sinawang sang apatih ||

37. sarira kadya prabata | rema măngka ima manglimput [manglimpu...]

--- 1 : 457 ---

[...t] wukir | sêgu lir galudhug sèwu | netra lir surya kêmbar | pangrasane sagung kang samya andulu | tuhu yèn lêlananging prang | Danurwedha Sang Apatih ||

38. mangsah sahasa ngrurèng rat | yitna Prabu Ardaka Sri Bupati | tan gingsir lajêng anêmpuh | kaduk kasuranira | krêp katitih nanging nora nêdya mundur | suka sirna ing ayuda | sigra Danurwedha Patih ||

39. angantêp yuda sang patya | dangu-dangu Ardaka Sri Bupati | kalimpe ing yudanipun | cinandhak mring sang patya | dyan sinêmpal-sêmpal angganira prabu | wadya sakarine pêjah | giris manahe sru wingwrin ||

40. wruh prabune kapracondhang | wong Kasapta gung alit mawut sami |

--- 1 : 458 ---

sasaran saparanipun | wong Ngastina amulat | brasthanira mungsuh sigra sami anglut | ana kang kacandhak pêjah | tuwin kang nungkul ing jurit ||

41. ing yuda wus tinêtêgan | para ratu ngumpul marêg ing gusti | sang nata sawadyanipun | lênggah ing pasewakan | ginarêbêg ing wadya kang para ratu | praptèng păncaniti lênggah | ing dhêdhampar mas rinukmi ||

42. lan eyang Sri Baladewa | ingkang paman Subrastha tan atêbih | ngarsa patih kalihipun | tuwin wadya punggawa | sri narendra dahat sukanirèng kalbu | sasirnaning mungsuhira | sri nata kang ngusap wèni ||

43. Sinom

1. hèh sira miyarsa warta | pinangkaning mungsuh iki | lawan arane kang raja | Patih [Pa...]

--- 1 : 459 ---

[...tih] Dwara matur aris | amba miyarsa gusti | duk wau sêsumbaripun | saking nagri Kasapta | sutane Sri Gardapati | ajêjuluk punika Prabu Ardaka ||

2. Sri Bagawan Baladewa | nambungi wacana aris | hèh kulup rêkyana patya | wêwêlinge yayi aji | eyangira ing nguni | mêmalangi marang ingsun | duk padha arsa muksa | sun arsa milu pinênging | kinèn kari ing wuri akèh bêbaya ||

3. ngungkuli ingkang kalakyan | iki kulup nora sisip | sang nata alon ngandika | yèn mangkono kakang patih | dèn padha yitnèng wèsthi | sadina aja katungkul | nadyan mungsuh wus sirna | tan tuna angati-ati | lawan sira undhanga [u...]

--- 1 : 460 ---

[...ndhanga] anata bala ||

4. patrapêna karyanira | sabên ratri aywa sêpi | midêr sajroning nagara | miwah jabaning nagari | dèn samapta ing jurit | lan sawadyabalanipun | kalih-kalih punggawa | agantia sabên ratri | sang anindyamantri umatur sandika ||

5. Sri Bagawan Baladewa | nambungi wacana aris | hèh kulup rêkyana patya | ingkang lumakua ratri | nganggo têngara bêcik | amuwuhi yitnèng kewuh | dèn salong abipraya | dene kang punggawa kalih | budhalira aywa amor lumaksana ||

6. siji mingêra anganan | saking kering kang sawiji | samya nganggoa sêbawa | muwuhi pangati-ati | amung wikan wong

--- 1 : 461 ---

bumi | dadi nora wowor sambu | miwah tan ana weya | wong kang amiyarsa warti | jêr inguwuh marang kang rumêksèng praja ||

7. pakolèh padha prayitna | sayêkti tan ana guling | lawan ngêdohkên durjana | pasthi lumayu atêbih | sakêdhap ana janmi | mangkana pangrasanipun | tan wruh yèn amung swara | nyanane kênèng piranti | kaki ugêr cêcala prayitnèng praja ||

8. kya patih matur sandika | bubar kang sami anangkil | sang nata kundur ngadhatyan | Patih Dwara wus ngundhangi | pakartinirèng ratri | ing rèh pangandika prabu | sadaya wus kadhadha | parentahe sang apatih | tan winarna lêlakon jroning sawarsa ||

--- 1 : 462 ---

9. têntrêm arjaning nagara | wuwusên asalin warsi | tauning surya kaetang | ya ta sêngkalanirèki | paksa sucining ardi |[8] tauning candra kaetung | marêngi kang lumampah | winarna sêngkalannèki | kang nujoni nênggih nagari Ngastina ||

10. wisaya karêngèng arga |[9] Ngastina datan winarni | ya ta malih kawuwusa | wontên ratu gung linuwih | prakosa ing ajurit | jêjuluk Siyaka Prabu | sutane Sri Pracaya | ing Bojanagaranèki | mangke arsa murwèng prang maring Ngastina ||

11. budhal saha wadyanira | narendra sugih prajurit | sami prawirèng ayuda | tate anguwisi kardi | prawira pilih tandhing | miwah ta pêpatihipun | awasta Minangsraya | măndraguna kaduk pikir | ing samangke

--- 1 : 463 ---

umiring ing gustinira ||

12. marma sang nata mangkana | murina sedanirèki | karana Prabu Prasaya | ing nguni ingkang matèni | Nata Pandhawa nênggih | duk aprang nèng Têgal Kuru | samana Sri Sayaka | wus lami bidhalirèki | saking praja datan winarna ing marga ||

13. praptèng nagari Ngastina | angrayah desa paminggir | gègèr kèh ngungsi nagara | wong Boja saya ngangsêki | gugup kang mantri tamping | sigra dènira lumayu | umanjing jro nagara | nêdya umatur ing gusti | praptèng pura sang nata nuju sewaka ||

14. pêpak sagung pra punggawa | bupati miwah pra mantri | tan owah lir sabênira | wau ta kang mantri tamping | anjujug byantara ji | dinangu nêmbah umatur | wiwitan lan wêkasan | sang nata ngungun miyarsi |

--- 1 : 464 ---

gugup ing tyas kyana patih dhinawuhan ||

15. kinèn amatah punggawa | miwah kang para narpati | kinèn umagut ing yuda | sagung kang para bupati | sandika kyana patih | sri bagawan alon matur | ing wayah sri narendra | kêdah miyos ing ajurit | mêthukakên yudane mungsuh ing Boja ||

16. kang wayah mangayubagya | têgêse anayogyani | karsanira ingkang eyang | Bagawan Baladewa Ji | wus jêngkar sri bupati | kundur umanjing kadhatun | ing jawi asiyaga | tata kapraboning jurit | sri bagawan dadya pramodyaning bala ||

17. kalawan Arya Subrastha | miwah kya patih kêkalih | tuwin Sang Prabu Sêtyaka | narendra ing Dwarawati | sawadya [sawa...]

--- 1 : 465 ---

[...dya] amiranti | miwah ingkang pratiwa nung | tuwin Arya Dyastara | Arya Satmata lan malih | Arya Sêksa kapat sirarya Sanjata ||

18. kalima Arya Saraba | sapanêkarira sami | tan kari wong durandara | sampun samêkta ing jurit | sigra budhal tumuli | sang patih parentahipun | gumuruh balakuswa | lir guntur wukir sakêthi | tan winarna praptèng sajawining kitha ||

19. kapêthuk balaning mêngsah | têmpuh cucuking ajurit | tan taha sami suranya | mungsuh rowang ambêk pati | rame arêbut titih | gumuruh magut ing pupuh | pêpati tan petungan | gantya long-linongan sami | ambêlasah ing papan wangkening kuda ||

20. samya butêng ing ayuda | limpe-linimpe ngajurit [ngajuri...]

--- 1 : 466 ---

[...t] | wong Ngastina punggawanya | mangsah amiyak wadya lit | kotbuta sru mangungkih | tumpêk sabalaning mungsuh | amung wadyèng Ngastina | rikat solahing ajurit | nora wangwang mêlandang yudaning mêngsah ||

21. angisis bala ing Boja | kèh ngungsi wurining gusti | bramantya Prabu Sayaka | sigra umangsah ngawaki | ing yuda ambêk pati | sarêng lawan patihipun | sami angantêp ing prang | gumulung wadyanira ji | sarêng mangsah wruh prabune ngawaki prang ||

22. tan ana kang nêdya gêsang | yèn ratune tiwas jurit | lajêng anêmpuh tan taha | wadyèng Ngastina nadhahi | sami surane kalih | prawirane parêng magut | dangu ramening aprang | lir gora manêngkêr langit | baris Boja [Bo...]

--- 1 : 467 ---

[...ja] kèh ngadhuh sambat kabranan ||

23. wor panjriting kang turăngga | prasamya anandhang kanin | mangkana ingkang ayuda | mêksa rame rêbut pati | gantya titih-tinitih | têmpuh-tinêmpuh adangu | tan ana kang kasoran | wong Boja wong Ngastina di | tan angetang pêpati tanpa petungan ||

24. dangu-dangu wong ing Boja | sor titih madyaning jurit | prawirane wong Ngastina | wau ta sri narapati | ing Boja èsmu wingwrin | maring tyas watir kalangkung | dènnya wadyane têlas | sang nata lajêng ngoncati | tilar baris nêdya karya pangupaya ||

25. wus mêdal saking payudan | nyalimpêt ngupaya aglis | patih ing Boja uninga | ratune mingkar ing jurit | mirut barisirèki [barisi...]

--- 1 : 468 ---

[...rèki] | kya patih sigra lumayu | anut ing ratunira | wus kumpul lawan sang aji | wadyabala kang kari abilulungan ||

26. mawur-mawur asasaran | prasamya angungsi urip | kabèh prajurit ing Boja | anglès umanjing wanadri | wadya Ngastina sami | ambêbujung kendhangipun | sagung para prawira | anandêr nitih turanggi | kang kacandhak wong ing Boja rinampasan ||

27. kathah pêjah jroning wana | ana kang pinikut urip | gusis tan măngga puliha | lêburan mungsuh atapis | kang tan kacandhak ngungsi | ing pêpèpèrèng gunung-gunung |[10] nêdya nusul gustinya | saparan datan winarni | kawuwusa wadya punggawa Ngastina ||

28. kang samya bêbujung mêngsah | wus wangsul sadaya

--- 1 : 469 ---

sami | umarêk Sri Baladewa | nênggih ingkang para aji | wadya lit ngumpul sami | lajêng masanggrahan ngriku | nglêrêmakên wadyanya | Bagawan Baladewa Ji | suka sukur ing dalu nulya bojana ||

29. nutug amboja drawina | sadalu sami anggusthi | prakara sirnaning mêngsah | dene sadaya tan sami | têka kumudu jurit | praptaning don kadung-kadung | tumpês tanpa kukupan | suka sagung para aji | Sri Bagawan Baladewa angandika ||

30. hèh sandeyèngsun apatya | paran ta karsanirèki | mungguh sirnaning kang mêngsah | Arya Dwara matur aris | manawi amarêngi | ing karsa tuwan pukulun | sawatawis rêrêma |

--- 1 : 470 ---

prayogi sami anganti | milanipun kawula atur mangkana ||

31. duk wau ramening aprang | ratune mangsah ajurit | sarêng lawan patihira | sirnanipun tan kaèksi | manawi anguncati | karya pangupayanipun | dene wadya paduka | tan wontên kraos nandangi | dhatêng ratu ing Boja lan patihira ||

32. Sri Bagawan Baladewa | ngungun angandika aris | hèh kulup lamun sêmbada | dèn padha prayitnèng wèsthi | lawan laku puniki | apa bêcik atur wêruh | marang sri naranata | sirnaning mungsuhirèki | miwah atur uninga basukinira ||

33. Arya Dwara atur sêmbah | punika botên prayogi | jêr dèrèng sampurna pisan | wayah tuwan sri bupati | yêkti kagèt ing galih | wontên ta pocapanipun | gêmbèng karêm wadulan [wa...]

--- 1 : 471 ---

[...dulan] | ginalih tan amungkasi | kurang sarèh kasêlak ingalêmbana ||

34. sayêkti kalamun duka | wayah tuwan jêng dewaji | jamak ambêking taruna | kagungan kalintu tampi | suka wau miyarsi | Prabu Sêdyaka[11] umatur | wontên kang wus kalakyan | Ratu Ngimantaka nguni | musnèng yuda wêkasan tan ngundurana ||

44. Durma

1. kawarnaa kabèh wadya ing Ngastina | ingkang lagya anggusthi | sirnaning kang mêngsah | ya ta kang kawuwusa | Prabu Sayaka Sang Aji | lan patihira | kang nêdya anglès jurit ||

2. anèng wana kiwa têbih pabaratan | kapit-apit ing margi | pilah kang uninga | dènira asingidan | amung lan patihirèki | kalawan wadya | sawatawis tut wuri ||

--- 1 : 472 ---

3. kawlasarsa solahira anèng wana | dènnya kasoran jurit | samana sang nata | rêmbag lawan apatya | ngrêrêpa ngandika aris | paran dayanta | patih mungguh wak mami ||

4. iya padha kakuya-kuya ing aprang | apa tan amalêsi | miwah yèn ngungsia | maring nagaraningwang | kya patih umatur aris | dhuh batharèngwang | mênggah lampah puniki ||

5. tan sakeca lamun paduka mundura | satêmah nglêlingsêmi | wadya kang atêngga | ing praja mèsêm ing tyas | nadyan badhe amiranti | benjang malih prang | bidhal saking nagari ||

6. mambêt ilu makatên malih mênanga | wong Ngastina sinêkti | pinagut ing yuda | dhatêng wong alêlaran | jêr manahe sampun gêmpil | mêntas kasoran | yêkti wanine [wani...]

--- 1 : 473 ---

[...ne] tipis ||

7. yèn punika wangsula angantêp ing prang | tan wande bêbayani | wadya tuwan têlas | mung kantun kawan dasa | pintên bangganing ajurit | mênggah kawula | gusti amung satunggil ||

8. rêmbag nungkul kalihan aminta sraya | dhatêng liyan nagari | pundi karsa tuwan | margi kalih punika | yèn paduka nungkul aris | satêmah nistha | paran angsiling jurit ||

9. tiwas bundhas ing wêkasan tanpa tuwas | ewa makatên gusti | kawula katêmpah | ngupaya kang sarana | mêminta sarayèng jurit | manawi benjang | inggih sagêt malêsi ||

10. ya ta wau lagya imbalan wacana | kasaru ingkang prapti | baris gêng lumampah | gumuruh tanpetungan [tanpetunga...]

--- 1 : 474 ---

[...n] | wadya ing Srawantyapuri | sikêp gêgaman | arsa ngrabasèng jurit ||

11. mring Ngastina umiring mring ratunira | Prabu Cindha Sang Aji | nguni kang pêputra | nênggih Prabu Căndhaka | dene karsane sang aji | asru murina | sedane ramanèki ||

12. nalika prang Bratayuda kang marjaya | Nata Pandhawa nguni | milane sang nata | arsa amalês pêjah | ing mangke miyarsa warti | lamun Pandhawa | jumênêng Ngastina di ||

13. sampun lami budhale sri naranata | sangking Srawantyapuri | sawadyabalanya | ngêbêki wanawasa | wau ta sang kasor jurit | kagyat tumingal | marang sagunging baris ||

14. miwah Patih Minangsraya samya kagyat | nyana kang mêngsah ngungsir | gugup aprayitna | dangu-dangu katingal |

--- 1 : 475 ---

yen dudu wong Ngastina di | sira apatya | matur marang ing gusti ||

15. dhuh pukulun baris katingal punika | kadya badhe ajurit | dede wong Ngastina | solahipun katara | yèn suwawi sri bupati | sami riningwang | yèn purun dèn ungsèni ||

16. lamun inggih punika botên kabala | ing Ngastina nagari | sayêktine kêna | ingungsèn pinèt sraya | wangsul yèn sampun kadasih | dhatêng Pandhawa | tan wande bilaèni ||

17. sira Natèng Boja asuka miyarsa | nadyan mêngkono patih | pêsthine wak ingwang | kalamun ratu ika | tunggal lawan sêdya mami | puniku kêna | kinarya srayèng jurit ||

18. prayogane sira dhingin lumakua | dèn bisa aminta sih | kya patih [pa...]

--- 1 : 476 ---

[...tih] sandika | wus mintar lawan bala | kêkalih ingkang tut wuri | sampun apanggya | lawan cucuking baris ||

19. ingkang prapta têtanya tinanya gantya | warta-winartan sami | suka wong Srawantya | katur marang apatya | lajêng marang sri bupati | sasolahira | wiwitan amêkasi ||

20. sru gumujêng prabu ing Srawantyapura | sampun kinèn nimbali | pêpatih ing Boja | praptèng byantara nata | dinangu umatur aris | sasolahira | katur sadaya sami ||

21. angandika nênggih Sang Narpati Cindha | hèh matura sirèki | marang yayi nata | aja sandeyèng driya | iya ingsun kang malêsi | patih ing Boja | tur sêmbah nulya mijil ||

22. tan winarna prapta ngarsa gustinira | matur ing rèh tinuding | wiwitan [wi...]

--- 1 : 477 ---

[...witan] wêkasan | suka prabu ing Boja | tan antara budhal nuli | sawadyanira | sakarine tut wuri ||

23. sampun tundhuk lan Natèng Srawantipura | Prabu Sayaka Aji | dahat anoraga | suka Natèng Srawantya | bagya-binagya aganti | nata kalihnya | tan winarnèng pêpanggih ||

24. lajêng budhal gumuruh kang wadyabala | tan kawursitèng margi | praptèng pabarisan | wau Natèng Ngastina | gègèr prasamya miranti | sagung prawira | munya têngarèng jurit ||

25. wus satata baris Ngastina balabar | Prabu Baladewa Ji | lawan Patih Dwara | katiga Danurwedha | tumingal sagung para ji | sami amawas | para mungsuh kang prapti ||

26. katingalan [ka...]

--- 1 : 478 ---

[...tingalan] yèn dudu barising Boja | bala liyan nagari | lintu lawaning prang | samana bala mêngsah | ingundhangan magut jurit | sigra umangsah | nglarug samya ngêbyuki ||

27. pinarbutan dening wadya ing Ngastina | parêng têmpuh ing jurit | rame swaranira | lir guntur wukir sasra | pratala kadya ginunjing | wau kang aprang | pêpati sungsun tindhih ||

28. mungsuh rowang tan ana ingkang kuciwa | riwut tangkêping jurit | prawira Ngastina | kruraya pamukira | wong Srawanti ambêk pati | sami suranya | dangu ramening jurit ||

29. sarêng pupuh-pinupuh sawat-sinawat | gêbang bindi-binindi | ludira bêlabar | asilêm panggêlangan | tinon lir samodra gêtih | saya gung kang rah | saking kèhing pêpati ||

30. Patih Danurwedha ngamuk lawan gada |

--- 1 : 479 ---

singa katiban tapis | tumpêsan kang mêngsah | tuwin Prabu Setyaka | limpungnya tansah ngênèni | wadya ing Boja | miwah Srawantyapuri ||

31. dangu-dangu prange wong Srawantipura | katitih ing ajurit | ngisis kèh kasrakat | mirut ngungsi ing wuntat | duka Sang Sriwantyapuri | sigra umangsah | ing yuda apêpulih ||

32. miwah natèng ing Boja kiwul ing aprang | tuwin patihirèki | samya ngantêp yuda | saksana pinarbutan | para wadya Ngastina di | Sang Danurwedha | samana anujoni ||

33. Patih Boja kêna pinalipis gada | galêpung awor siti | Sang Prabu Sêtyaka | panggih lan ratunira | ing Boja pinupuh kêni | datanpa sesa | ajur wus angêmasi ||

34. asêsumbar nênggih Sang Prabu

--- 1 : 480 ---

Sêtyaka | rêbutên ing ajurit | ing Ki Sri Sêtyaka | pramukyaning ayuda | ngadhaton ing Dwarawati | kang darbe garwa | Sang Rêtna Puspawati ||

35. kang ingêlih nama Dèwi Sêtyawatya | putri luwih sabumi | Sri Cindhakapuspa | namane ramanira | Sri Srawantipura nagri | ya ta winarna | Prabu Srawantyapuri ||

36. duk miyarsa sêsumbar ana karasa | têtela dènnya myarsi | lamun wangsanira | ya ta wau sang nata | lumaku sigra ngundhangi | marang ing wadya | kinèn samya buwangi ||

37. gêgamaning aprang karsane sang nata | nêdya nungkul ing jurit | sakèhing gêgaman | pan sampun binuwangan | wadyanira ngumpul sami | tan nêdya lawan | samana duk ningali ||

38. Sri Bagawan Baladewan[12] [Balade...]

--- 1 : 481 ---

[...wan] lan Subrastha | tuwin rêkyana patih | myang wadya punggawa | ngungun dènnya tumingal | mungsuh amirut ing jurit | sagung gêgaman | prasamya dèn bucali ||

39. dyan sinandêr marang Kyana Patih Dwara | tinanya karsanèki | umatur anêmbah | Natèng Srawantipura | ngaturakên pati urip | tan nêdya lawan | sumăngga sadayèki ||

40. milanipun kawula nungkul arisan | wontên purwane nênggih | gancaring carita | mangke kawula jarwa | Patih Dwara ngandika ris | yèn tuhu sira | amrih minta mêmanis ||

45. Dhandhanggula

1. yèn mangkana ing karsanirèki | bongkokana kabèh gêgamanta | tuwin wadya sakarine | kudu nganggoa tangsul | pratandhane [pratandha...]

--- 1 : 482 ---

[...ne] kêna ing jurit | Natèng Srawantipura | mituhu ing dhawuh | saksana kang wadyabala | binandanan tuwin gêgamaning jurit | pan sampun binongkokan ||

2. wus binêkta mring rahadèn patih | sampun praptèng pasanggrahanira | apatih lawan eyange | Sri Baladewa Prabu | miwah Danurwedha Apatih | tuwin kang para nata | Ngastina wus kumpul | myang wadya punggawanira | sadaya wus angumpul umarêg sami | mring Prabu Baladewa ||

3. samya suka dènira ningali | marang prabu ing Srawantipura | sri bagawan andikane | kaki paran puniku | mungsuhira nungkul ing jurit | matur Kya Patih Dwara | punika pukulun | kêdah anuhun suwita | inggih dhatêng

--- 1 : 483 ---

wayah tuwan sri bupati | lan malih darbe sêdya ||

4. badhe ngaturkên purwane nguni | milanipun atêmah tinawan | sang nata sapunggawane | Sri Baladewa Prabu | angandika marang apatih | kulup lamun mangkana | payo dipun gupuh | timbalana ngarsaningwang | sampun prapta ngabyantara ngandika ris | Bagawan Baladewa ||

5. anambrama pambagya sang aji | lawan tanya nama lan pinăngka | kang tinanya lon ature | nuhun ing sih pukulun | dene wasta kawula nênggih | inggih Sang Prabu Cindha | Srawantipurèku | sutaning Prabu Căndhaka | milanipun kawula nungkul ing jurit | awit miyarsa sumbar ||

6. nalikane ramening ajurit | duk pêjahe ratu nagri [na...]

--- 1 : 484 ---

[...gri] Boja | sarêng lawan pêpatihe | Sri Dwarawati Prabu | asêsumbar amba miyarsi | kawulèmut yèn wăngsa | milane anungkul | margi wontên alurannya | pan salênthêng mambêt gandane kawijil | gancare kina-kina ||

7. Sri Bagawan Baladewa aglis | prayogane anak wêwaraha | gancare kuna-kunane | kang supaya padha wruh | paprênahe sanak mastani | dadi tan tuna dungkap | rèhne wus akumpul | Sri Cindha matur sandika | duk ing nguni Prabu Citramuka Aji | nagri Srawantipura ||

8. nênggih apêputra jalu kalih | ingkang sêpuh Sri Cindhasurata | Sriwantipura prajane | kang anèm wastanipun | Prabu Cindhasupala [Cindhasupa...]

--- 1 : 485 ---

[...la] Aji | tinanêm ing Srawantya- | pura nama ratu | dene Sri Cindhasurata | ing Sriwantipura punika sêsiwi | Prabu Cindhakapuspa ||

9. Prabu Cindhakapuspa sêsiwi | èstri nama Rêtna Puspawatya | kang sampun ngalih namane | Rêtna Sêtyawatèku | garwanipun Sri Dwarawati | Prabu Cindhasupala | punika sêsunu | Pracindha Asratipura | ajêjuluk Prabu Supala ping kalih | punika asêsuta ||

10. jalu nama Sri Căndhaka mangkin | apêputra kawula punika | gumantyèng rama kratone | dados kaprênahipun | pramèswari ing Dwarawati | kawula têmbung uwa | inggih lêrêsipun | uwa misanane bapa | milanipun kawula nungkul ing jurit | punika

--- 1 : 486 ---

purwanira ||

11. duk miyarsa Baladewa Aji | miwah sagung kang samya miyarsa | sadaya suka galihe | Prabu Sêtyaka gupuh | marêpêki ngandika aris | lah kalamun mangkana | sira putraningsun | kaponakan saking garwa | katujune padha amanggih basuki | Prabu Cindha tur sêmbah ||

12. sri bagawan angandika aris | anak prabu yèku ramanira | Ni Sêtyawati lakine | nama Sêtyaka Prabu | Sri Srawantya nuhun wotsari | sawusira mangkana | Baladewa Prabu | dhawuh kinèn luwarana | wadyabala Srawantya ingkang têtali | lawan kinèn samapta ||

13. tan winarna ing laminirèki | wus samapta sadaya budhalan | kundur maring pura

--- 1 : 487 ---

kabèh | datan kawarnèng ênu | sampun prapta ing jro nagari | samya atur uninga | mring jêng sang sinuhun | sadaya wus tinimbalan | mring jro pura sadaya kang mêntas jurit | punggawa para nata ||

14. Sri Bagawan Baladewa Aji | ing amparan alênggah satata | lawan Subrastha jajare | lawan Sêtyaka Prabu | dene kyana patih kêkalih | miwah wadya punggawa | Ngastina nèng ngayun | wus sinambramèng pambagya | kabèh nuwun sri bagawan matur aris | wiwitan lan wêkasan ||

15. kongsi rambah-rambah ing ajurit | panungkule prabu ing Srawantya | sadaya wus katur kabèh | sang nata sukèng kalbu | dyan ginanjar kabèh waradin [waradi...]

--- 1 : 488 ---

[...n] | tuwin ingalêmbana | kang mêntas prang pupuh | Sang Prabu Srawantipura | nèng Ngastina agung kinurmatan luwih | dahat suka sukurnya ||

16. sira Sang Prabu Sêtyaka amit | kundur maring Dwarawati praja | sampun kalilan angkate | lawan Srawantya Prabu | amit badhe mring Dwarawati | sadaya wus kalilan | nulya sang aprabu | sigra kundur angadhatyan | Sri Bagawan Baladewa sampun mijil | lawan sagung punggawa ||

17. praptèng jawi amakuwon sami | sowang-sowang Sang Prabu Sêtyaka | lan Sri Srawantipurane | tunggil pakuwonipun | miwah lawan kang pramèswari | sami suka kalihnya | dènnya manggih sunu | tuwin Bagawan Watrika | dèrèng mantuk [ma...]

--- 1 : 489 ---

[...ntuk] marang pratapanirèki | misih kinèn atêngga ||

18. ing sutane Dèwi Sêtyawati | sang bagawan nalika punika | Natèng Srawantipurane | langkung dènnya sêsugun | dènnya panggih wangsane sami | samana tan winarna | ing antaranipun | Prabu Sêtyaka wus budhal | lawan garwa marang nagri Dwarawati | sawadya punggawanya ||

19. tuwin Prabu Srawanti angiring | miwah mratuwa Rêsi Watrika | datan winarna lampahe | praptèng nagaranipun | Sri Sêtyaka lan pramèswari | miwah Sang Prabu Cindha | wus manjing kadhatun | tuwin Bagawan Watrika | kinurmatan sinungga-sungga mênuhi | ya ta datan winarna ||

20. laminira anèng Dwarawati |

--- 1 : 490 ---

Prabu Srawantipura pamitan | wus lami tilar purane | linilan budhal sampun | lan Bagawan Watrika pamit | mantuk marang pratapan | sarêng bidhalipun | lan Natèng Srawantipura | ênêngêna kang samya budhalan mulih | wuwusên ing Ngastina ||

21. tan dèn ucap solahing sawarsi | duk samana nuju salin warsa | ingetang taun suryane | nênggih sangkalanipun | ing Ngastina ingkang marêngi | guna kartining arga |[13] taun căndra ketung | rêtu manising pandhita |[14] kawuwusa nagari Ngastina mangkin | katêkan parangmuka ||

22. saking nagri ing Manggada malih | jêjuluking Ratu Sri Purastha | punika kang nurunake | nênggih Pratiwa Prabu |

--- 1 : 491 ---

ing Manggada prajanirèki | milane sri narendra | lêlana don nglurug | marang nagara Ngastina | wit murina sedane ramanirèki | duk prang Têrajutiksna ||

23. Prabu Bomatara duk ing nguni | lawanan prang lawan Prabu Krêsna | Sri Pratiwa suruhane | mring Dwarawati nglurug | Prabu Boma tumpês ing jurit | lawan suruhanira | kabèh padha lampus | samana Prabu Purastha | budhalira saking Manggada nagari | karsane sri narendra ||

24. arsa ngrabasèng ing Dwarawati | nulya praptanirèng tanah Jawa | miyarsa lamun arine | Pratisara Sang Prabu | mring Ngastina amurwèng jurit | sirna sawadyanira | milane sang prabu | lajêng amukul Ngastina | Dwarawati [Dwarawa...]

--- 1 : 492 ---

[...ti] gampang masalahing jurit | karsane Sri Purastha ||

25. yèn Ngastina kasor ing ajurit | Dwarawati kari sagêgêman | iya sapira banggane | cilik sirna pinukul | duk samana praptanirèki | lajêng angrampit kitha | sangsaya anglarug | ngrabasèng jroning nagara | kawuwusa Prabu Dipayana Aji | anuju siniwaka ||

26. pêpak sagung kang samya anangkil | para prawira wus munggèng ngarsa | ran pae sabên-sabêne | pasewakan wus dangu | ya ta wau ing păncaniti | kagyat samya tumingal | gègèr wong gumuruh | wong cilik abilulungan | swaranira gumuruh otêr tan sipi | sigra kinèn mariksa ||

27. wus lumampah punggawa kêkalih | sêsandêran praptèng don katingal | lamun ana baris gêdhe | tan antara [a...]

--- 1 : 493 ---

[...ntara] wus wangsul | duta prapta byantara aji | gugup wau sang nata | matur sarèhipun | yèn wontên mêngsah gêng prapta | balanira mayuta makêthi-kêthi | wau ta duk miyarsa ||

28. obah ingkang wontên păncaniti | sri narendra sampun aparentah | kinèn umaguta kabèh | sandika sadayèku | sri narendra kundur mring puri | dene kang wadyabala | wus samaptèng kewuh | nulya budhal sigra-sigra | Sri Bagawan Baladewa anindhihi | lawan Arya Subrastha ||

29. tuwin sagung kang punggawa mantri | miwah kyana patih kalihira | wus budhal sagêgamane | swaranira gumuruh | wus kapêthuk mêngsah kang jurit | lajêng têmpuh ing yuda | cucuking prang pupuh | rame angêsuk mrih papan | mungsuh [mung...]

--- 1 : 494 ---

[...suh] rowang samya suranira kalih | sami kadarpanira ||

30. rukêt gantya long-linongan sami | udrêg dêdrêg ulêng lêng-ulêngan | tanpetungan gunging wangke | wong Ngastina prangipun | ngisis samya kasrêg ing jurit | mangsah prawiranira | sru mangungsir kiwul | narajang barising mêngsah | Arya Danurwedha mangiwung ing jurit | ngantêp yuda kanaka ||

46. Pangkur

1. sira Arya Danurwedha | ngamuk liwung gadane mobat-mabit | singa kang tarajang[15] gêmpur | ing gada tanpa sesa | kèh kasrakat angisis madyaning pupuh | sakarine ingkang pêjah | samya angungsi ing gusti ||

2. bramantya Prabu Purastha | sigra mangsah ngagêm gada ing jurit | singa nabda parêng ngamuk | prajurit ing Manggada |

--- 1 : 495 ---

kyana patih madra pritama kotbi sru | pêrasu sura tan taha | singa kang katrajang gusis ||

3. ngisis wadya ing Ngastina | awas mulat sira prawirèng jurit | samya mangsah parêng kiwul | nêmpuh parêng prawira | tan kuciwa ngabên kasantikanipun | Patih Manggada kasoran | kaprawasa ing ajurit ||

4. pêjah wangkene tan kalap | lêsah kèlês saking gunging kang baris | Natèng Manggada manêmpuh | saksana pinarbutan | dening Arya Danurwedha sampun tundhuk | têmpuh-tinêmpuh agantya | sami prawirane kalih ||

5. dangu-dangu sri narendra | ing Manggada yudanira kalindhih | kalimpe kêna ing pupuh | ing gada tanpa sesa |

--- 1 : 496 ---

wus palastra ing Manggada Sang Aprabu | lêburan wadya Manggada | samya mawur ngungsi urip ||

6. sasaran arêbut paran | wong Ngastina bêbujung samya ngungsir | wus mangkana tan kawuwus | sirnane wong Manggada | para wadya punggawa samya akumpul | marêk ing Sri Baladewa | samya suka-suka ngênting ||

7. tan antara lêrêmira | manggalaning Ngastina sawadyèki | lajêng budhalan gumuruh | sawadya mring nagara | tan winarna lampahira sampun laju | praptèng praja tur uninga | maring kangjêng sri bupati ||

8. sadaya wus tinimbalan | manjing pura kang samya mênang jurit | Sri Baladewa lumêbu | ngirit wadya punggawa | praptèng ngarsa nata ingancaran gupuh | lawan Sang Arya Subrastha | satata lan sri bupati ||

--- 1 : 497 ---

9. tuwin kya patih kalihnya | sarerehan munggèng ngarsa tan têbih | Prabu Baladewa matur | sasolahing ayuda | purwa têkèng wasana sirnaning mungsuh | suka Prabu Dipayana | sadaya ginanjar sami ||

10. warata ingalêmbana | wus mangkana kalilan bubar sami | Baladewa Sang Aprabu | sawadya ing Ngastina | sampun mijil makuwon sajuru-juru | duk samana ing Ngastina | lami têntrêming nagari ||

11. kacarita sri narendra | sabên ari miyos ing păncaniti | siniwèng wadyabala gung | karsanira sang nata | amboga drawina ing sawadyanipun | gung alit pinrih sukanya | tinutug sukaning galih ||

12. tan kêndhat ing sabên dina | dènira [dèni...]

--- 1 : 498 ---

[...ra] mrih milutèng wadya aji | sakarsa-karsa tinutug | têtêp tanpa samèng rat | Prabu Dipayana ambêke pinunjul | bisa mrih sukaning wadya | wor tyas sinabaya pati ||

13. mila kabèh wong Ngastina | agung alit padha awêdi asih | anggusti jêng sang aprabu | lulut milutèng nata | kawaratan sapraja arja jinurung | ing sabdanirèng narendra | têka nagri kanan kering ||

14. kawêntaring rat wiryawan | yèn Sang Prabu Ngastina tyas linuwih | têtulung wadya malat kung | bengkas ing kasusahan | palimarma palamartanya winantu | dêdana tan sita-sita | kêrtarta anyakrawati ||

15. wus mangkana tan winarna | laminira antara limang sasi | wuwusên asalin taun [tau...]

--- 1 : 499 ---

[...n] | taun surya ingetang | kawursita anênggih sangkalanipun | èsthining kapat pandhita |[16] warsaning candra winilis ||

16. anênggih sangkalanira | kawursita tunggal swaraning ardi |[17] nêngna Ngastina kapungkur | wontên malih kocapa | ratu ditya Ngimaima prajanipun | jêjulukirèng narendra | Prabu Dirada Sang Aji ||

17. ratu pratamèng ayuda | gung aluhur têlale kadya èsthi | kawêtu sêsiyungipun | lèng tulale ngumbaya | netranira malêlêng kadya sitèngsu | tuhu lamun salah rupa | sawadyabalanirèki ||

18. ditya prasamya prakosa | atulale siyung sami kawijil | kêtêr kanan keringipun | samya krih kang tumingal |

--- 1 : 500 ---

maring Prabu Dirada sawadyanipun | nanging Natêng Ngimaima | datan nêdya ngrêrusuhi ||

19. ajrih upataning dewa | ratu iku nguni ingkang sêsiwi | raja pandhita linuhung | karêm ulah mêmuja | tur manungsa dibya kasutapanipun | anama Prabu Nungkara | Ngimaima prajanèki ||

20. nalika Prabu Nungkara | amêmuja ing dewa minta siwi | dènnya lami tan sêsuna |[18] nanging salah mantranya | dadya sinung atmaja arupa diyu | Prabu Dirada punika | sarta wadyanira nguni ||

21. sinung upataning dewa | samya warna rasêksa salah warni | merang Nungkara Sang Prabu | tan antara gya musna | karatone ginantyan ing putranipun | anama Prabu Dirada | wus mangkana tan winarni [wi...]

--- 1 : 501 ---

[...narni] ||

22. nênggih Sang Prabu Dirada | sawadyane sami nandhang prihatin | dènnya kaparak pagêblug | nagri ing Ngimaima | wadyabala tanpetungan ingkang lampus | aru-ara ing sapraja | giris praptaning gagêring ||

23. sang nata langkung duhkita | tilar dhahar miwah datan aguling | kèsthi pêthaning malat kung | nuju sawiji dina | Sri Dirada antuk wangsiting dewa gung | kinèn aminta sarana | yêkti mulya kang gagêring ||

24. Sang Aprabu Dipayana | kinèn ngaturana têdhakirèki | yêkti mulya sang aprabu | enggal lêksananana | Sri Dirada èngêt lajêng miyos gupuh | animbali kyana patya | wasta Wiradana Patih ||

25. maksih santananing

--- 1 : 502 ---

nata | tuwin wadya santana wus sumiwi | angandika sang aprabu | hèh paman Diradana | wruhanira ingsun antuk kang pitutur | bathara asih maringwang | amangsit duk mau ratri ||

26. sun kinèn minta sarana | mring Ngastina Prabu Dipayana Ji | têdhaka mring prajaningsun | yêkti bisa maluya | duhkitane sapraja bisa rahayu | paran mangkana apatya | sapa ingkang ingsun tuding ||

27. ngaturna nuwalaningwang | kyana patih suka dènnya miyarsi | Patih Diradana matur | pukulun yèn mangkana | wontên abdi paduka wasitèn tanduk | pun Santika lan Sadara | pantês mukyaning duta di ||

28. sagêt basa silakrama | Sang Aprabu Dirada sukèng galih | tinimbalan prapta sampun | ing ngarsa sinung surat | mring Ngastina winêling [wi...]

--- 1 : 503 ---

[...nêling] ijêmanipun | wus kamot duta kalihnya | amit napak ing wiyati ||

29. duta kalih angambara | tan winarna lampahirèng wiyati | nêngna duta kang tinuduh | wuwusên ing Ngastina | duk samana nuju sewaka sang prabu | sawadya punggawanira | supênuh ing păncaniti ||

30. Sri Bagawan Baladewa | lawan Arya Subrastha jajar linggih | kya patih kalih ing ngayun | wuri para punggawa | tuwin wadya mawarna-warna ing pungkur | prajurit mandra pratama | lawan wong Durandarèki ||

31. tinon lir giri kusuma | kèh warnane nênggih wadyaning aji | duk samana sampun dangu | dènira siniwaka | kawuwusa yêksa kalih sarêng niyup | duta nagri Ngimaima | anjujug ing păncaniti [pănca...]

--- 1 : 504 ---

[...niti] ||

32. kagyat kang samya sewaka | dènira non praptane duta kalih | sadhepok lênggah ing pungkur | yitna wadyèng Ngastina | ditya kalih uninga yèn para ratu | samya sanengga gêgaman | sang yaksa umatur aris ||

33. nêmbah saking katêbihan | dhuh gustiku sampun kalintu tampi | kawula tan ngarubiru | inggih prapta kawula | malah badhe nênuhun sihing pukulun | ya ta kang para punggawa | suka dènira miyarsi ||

34. tuwin sang sri naranata | langkung suka ningali ditya kalih | tinimbalan mara gupuh | ing ngarsa sri narendra | langkung eram yaksa duta duk andulu | ing pêkike sri narendra | karya kasmaraning galih ||

47. Asmaradana

1. cingak kang samya ningali | ana ditya salah rupa [ru...]

--- 1 : 505 ---

[...pa] | gung aluhur atêlale | netrane andiwangkara | kabèh sami prayitna | dene ditya wau ngungun | kacaryan mulat ing nata ||

2. dangu nora bisa angling | angênglêng pijêr tumingal | lênguk-lênguk dhêlog-dhêlog | sinapa umatur nêmbah | duta saking ing sabrang | Prabu Dirada kang ngutus | nagari ing Ngimaima ||

3. kinèngkèn ngaturkên tulis | ing paduka naranata | kang surat sinaosake | wus tinampèn mring sang nata | ditya malih turira | pukulun ijêmanipun | kang surat ngaturkên pêjah ||

4. saking sangêt-sangêt gusti | nênuwun ing sih paduka | kang surat binuka age | sinuksmèng surasanira | têmbung angêla-êla | nulya pinaringkên gupuh |

--- 1 : 506 ---

mring eyang Sri Baladewa ||

5. winaos lajêng pinaring | dhatêng Kyana Patih Dwara | myang Patih Danurwedhane | sampun sami maos surat | kadriya têmbungira | sang nata ngandika arum | hèh sapa karo ranira ||

6. ditya kalih awotsari | kawula wasta Santika | pun Sadara satunggile | sang nata malih ngandika | hèh ditya wus matura | marang ing gustinirèku | surasane ingkang surat ||

7. iki ingsun dèn aturi | têdhak maring Ngimaima | kinarya sarana ingong | pagêringe prajanira | supayane waluya | iya dene karsaningsun | anurut panuwunira ||

8. pun Santika matur aris | sarwi tulalene molah | mobat-mabit [mobat-mabi...]

--- 1 : 507 ---

[...t] sêmprat-sêmprèt | ngrarêpa ing aturira | pukulun batharèngwang | sintên kang wajib pukulun | risaking jagat sadaya ||

9. tan liya mung paduka ji | babone ing tanah Jawa | sang nata yoga kang among | mêngku ing rat pramudita | nadyan liyan nagara | jêr tuwan pan sampun kasub | kaunang ing jagat raya ||

10. amarasakên sêsakit | kang nistha sinung kamulyan | milane sang maha katong | tulunga wong kawlasarsa | susahing Ngimaima | mulyaa saking pukulun | yêktia mangèstupada ||

11. mring Ngastina sawadyèki | nênggih Sang Prabu Dirada | tan wande srah nagarane | katura kang ulubalang | tan mèngèng ing sakarsa | Prabu Baladewa muwus | asêrêng kaduk dêduka ||

12. hèh sira

--- 1 : 508 ---

muliha aglis | waraha mring ratunira | tan angsung sarana ingong | jêr ratumu kaluputan | iku sasat marentah | nora kabawah katèngsun | pagene pinurih seba ||

13. maring Ngimaima nagri | jamak wong duwe paminta | kang sayêkti prapta dhewe | ratumu tan parikrama | eling-eling yèn ditya | butêng atêmahan rusuh | rusêk budine madama ||

14. malah karsaningsun mangkin | nadyan praptaa priyăngga | sun tumpês sapunggawane | angucap ditya Sadara | ratu iki agawat | têka muwus nguwus-uwus | ilang kramaning narendra ||

15. ditya kalih asru angling | sarwi muluk angambara | lah iya ing besuk têmbe | ratuningsun [ratuning...]

--- 1 : 509 ---

[...sun] yêkti prapta | ngrusak nagri Ngastina | eling-eling sira prabu | ambêcikana dandanan ||

16. sri bagawan anauri | iya sun cadhang sakarsa | nuli praptaa dèn age | ditya kalih sampun lêpas | wau ta sri narendra | parentah samêktèng kewuh | manawa ditya praptanya ||

17. sok wusa padha miranti | aywa kasulêg ing gêlar | rinakita sadurunge | lawan padha dèn prayitna | wêwatêke rasêksa | ing pangaribawa kasub | aja na lena ing tingal ||

18. nadyan iki durung prapti | sêdhêng sami pinrayitnan | jêr tan wruh săngka praptane | sandika Sri Baladewa | miwah rêkyana patya | sang nata kundur ngadhatun |

--- 1 : 510 ---

ing jawi sami siyaga ||

19. samêkta ing siyang ratri | sawadya tan sinung kesah | agung pakumpulan kabèh | miranti gêgamanira | ing alun-alun aglar | wus pajêg pangantinipun | nahên gantya winuwusa ||

20. antunke[19] ditya kêkalih | pun Santika lan Sadara | datan winarna lampahe | rikat mahawan gêgana | niyup praptèng prajanya | wus marêk ing ratunipun | anuju siniwèng bala ||

21. kagyat kang para rasêksi | mulat praptaning Santika | lan Sadara dumarojog | Prabu Dirada ngandika | hèh sira padha prapta | paran ing mêngko lakumu | duta kalih matur nêmbah ||

22. katur solahe tinuding | miwiti praptèng wêkasan [wêkasa...]

--- 1 : 511 ---

[...n] | wau ta sang ditya katong | duk myarsa kalangkung duka | atêbah-têbah jaja | anggrêng lir galudhug sèwu | orêg palênggahanira ||

23. mukanya lir mêtu agni | netra kumutug mawinga | tulane nyêmprat-nyêmprèt |[20] gêdrag-gêdrug angandika | astane suraweyan | hèh patih paran ta iku | tan kêna pinawong mitra ||

24. Ratu Ngastina sukrêjis | kumudu anglawan ing prang | lan wong Ngimaima kiye | ing mêngko karsaku paman | Ngastina ingsun rusak | dene Baladewa iku | arsa sun wêjêkkên kisma ||

25. kya patih umatur aris | dhuh gusti sumanggèng karsa | luhung pêjah arêrêmpon | sampun pijêr nandhang papa |

--- 1 : 512 ---

suka ubayaning prang | kalah sirna mênang ngukup | suka Sang Prabu Dirada ||

26. lajêng parentah miranti | sawusnya parentah budhal | tan kari sapunggawane | sikêp gêgamaning yuda | sampun margèng awiyat | dhêdhêt lir mêndhung ngêndhanu | saking gunging wadyanira ||

27. mawa pawanèsmu riris | apan ing pangaribawa | swaraning ditya arame | kadya gêlap awor udan | ing awiyat ru-ara | arame gora gumuruh | gêtêr praja kang kungkulan ||

28. datan winarnèng wiyati | Ngastina sampun kungkulan | kalimput sapraja kabèh | dhêdhêt tan wrin ing pêpadhang | gègèr wadya Ngastina | wus nyana praptaning mungsuh | sadaya kumpul samapta ||

29. Bagawan [Ba...]

--- 1 : 513 ---

[...gawan] Baladewa Ji | kalawan Arya Subrastha | tuwin mantrimukya kabèh | wus yitna sapunggawanya | pêtêng saya gung prapta | wong Ngastina dumuk-dumuk | sigra Prabu Baladewa ||

30. nênggalanira pinusthi | asru mijil kang pawaka | sundhul ngawiyat urube | wus katon kabèh rasêksa | samya krurayèng wiyat | wadya Ngastina andulu | ing warnane mungsuhira ||

31. danawa makêthi-kêthi | gung luhur mawa gêgaman | naracak padha têlale | wau ta kang anèng wiyat | sadaya sami kagyat | dènnya kawruhan rèhipun | èsmu merang durmanira ||

48. Durma

1. asru mojar sira Sang Raja Dirada | hèh sapa iki patih | kang karya dahana | sundhul ing antariksa [a...]

--- 1 : 514 ---

[...ntariksa] | dene ta luwih sinêkti | sirèku padha | kawruhan dening agni ||

2. asru matur sira Patih Diradana | punika ingkang kardi | Prabu Baladewa | mijil sangking nanggala | ngungun sang ditya narpati | graitanira | wong Ngastina puniki ||

3. animbangi prawiraningsun ing yuda | sigra sri narapati | parentah magut prang | ambyuk wadya danawa | ing yuda wus dèn lilani | mring ratunira | tan ana nêdya urip ||

4. parêng anggro ngèbêgi ing antariksa | niyup samyambêk pati | yitna wong Ngastina | sigra Kya Patih Dwara | sawadyabala nglêpasi | warastra dibya | mêngsah ditya kèh kêni ||

5. tanpa mêndha panduking warastra wiyat | panah makêthi-kêthi | singa ingkang mangsah | rasêksa sru kabuncang | ing jêmparing tiba têtêbih [tê...]

--- 1 : 515 ---

[...têbih] |[21] lêksan awêndran | kang wus sirna ing jurit ||

6. pira-pira kang mangsah-mangsah kabuncang | ing panah tan ngundhili | kèh sambating ditya | suka matia pisan | aja pijêr dèn buwangi | sarêng umangsah | wira ditya kang kari ||

7. Sri Dirada krura ngawaki ing yuda | lawan rêkyana patih | nawat saking wiyat | badhama limpung kunta | wong Ngastina akèh mati | kenging sêsawat | Patih Dwara nulya glis ||

8. ngantêp malih nglêpasi ponang warastra | tanpa sesa kang kêni | kabuncang atêbah | ditya malih umangsah | tansah kabuncang jêmparing | patih rasêksa | Diradana pêpulih ||

9. dyan pinanah dening Patih Danurwedha | sirna kenging jêmparing | katut tibèng têbah |

--- 1 : 516 ---

yêksa dipa amulat | sangsaya krodhaning jurit | niyup mangandhap | kasêlak jinêmparing ||

10. sawadyanya sakarine ingkang sirna | kawaratan ngijèni | sadaya kabuncang | ing sara tanpa sesa | nênggih risang yaksa pati | sawadyanira | tibèng prajanirèki ||

11. nagri Ngimaima sadaya wus ruwat | mantun warna rasêksi | amalih manungsa | siji tan rupa ditya | sami sukanirèng galih | sukur ing dewa | mulih jatining janmi ||

12. miwah ingkang pagêblug sirêp sadaya | waluya kang kêna gring | sagung wadyabala | sami marêk sang nata | kerit mring rêkyana patih | prapta ing ngarsa | sami suka angênting ||

13. sri narendra suka dènira ngandika | wruhanta paman patih | iki tinêmunya | pamangsiting

--- 1 : 517 ---

jawata | kinèn amêminta mami | sarananira | Sang Prabu Ngastina di ||

14. ing samêngko iki paran karsanira | apa bêcik sun iki | seba mring Ngastina | ngaturkên panarima | kyana patih matur aris | dèrèng prayoga | maksih kenggalên gusti ||

15. bilih karya panggraita kira-kira | yêkti dèn sujanani | luhung alêrêma | sêdhêng benjang sebaa | anggèr yèn sampun katawis | punika kêna | sinusupan sayêkti ||

16. bêbasannya mênggah krodhaning pawaka | mêntas murub tan sipi | sanadyan sirêpa | urubing kang dahana | yèn enggal panasnya maksih | hawaning wongwa | nuntên antuk ron aking ||

17. murub malih kang dahana

--- 1 : 518 ---

sayandadra | hawane dèn wuwuhi | makatên paminya | tuwan minăngka sarah | ambyuka mring gêni malih | tan durung sirna | pêjah sawadya sami ||

18. sri narendra suka malih angandika | lamun mangkono patih | sun tatêdhèng dewa | muga nagaraningwang | ing Ngimaima ing wuri | pan kadarbea | Ratu Ngastina Aji ||

19. lêstaria ing wuri ratu niwaha | saosa bulu bêkti | samana ing wiyat | gêtêr-patêr sauran | jawata samya nêksèni | prasêtyanira | Prabu Dirada Aji ||

20. wus mangkana samya nutug sukanira | sapraja agung alit | nêngna Ngimaima | mangsuli ing Ngastina | kang mêntas amangun jurit | sarêng kandhanya | nanging kinarya ganti ||

21. sasirnaning mêngsah ditya Ngimaima [Ngimai...]

--- 1 : 519 ---

[...ma] | kabèh suka tan sipi | nulya praptanira | kang mêntas mênang yuda | sadaya ngandikan sami | lumêbèng pura | saksana lajêng kerit ||

22. Sri Bagawan Baladewa lan Subrastha | tuwin kya patih kalih | sawadya punggawa | praptèng byantara nata | dinangu solahing jurit | alon turira | Sri Baladewa Aji ||

23. ing wiwitan wêkasan sirnaning mêngsah | tan ana kang ngêmasi | sadaya kabuncang | ing panah tan karuan | dening warnaning rasêksi | tuhu punika | ditya lêthêk ing bumi ||

24. atulale sadaya sawadyanira | tinon anggêgilani | ing mangke wikana | tibaning kang rasêksa | suka miyarsa sang aji | lajêng amboga | drawina amênuhi ||

25. kinurmatan sadaya

--- 1 : 520 ---

kang mêntas yuda | pidarma sinungan sih | sru tan sita-sita | sawusira mangkana | lajêng bubaran prasami | para punggawa | sadaya sampun mijil ||

26. praptèng jawi amakuwon sowang-sowang | samana Ngastina di | tulus raharjanya | têntrêm sawadyabala | lêstari kawula tani | tanpa sangsaya | wong Ngastina gung alit ||

27. sri narendra andina agung dêdana | warata sanêgari | tan ana kang papa | kabèh jroning nagara | supênuh kucahing gusti | marwata suta | ingkang tampi mêmanis ||

49. Dhandhanggula

1. tan winarna raroncènirèki | kawuwusa nuju salin warsa | ingetang taun suryane | nênggih sangkalanipun | trustha yoganira sang rêsi |[22] taun candra ingetang |

--- 1 : 521 ---

sangkala winuwus | panêmbahing rêsi sapta |[23] duk samana ingkang kinocapa malih | Sang Prabu Dipayana ||

2. nênggih nuju ari Soma Manis | sri narendra miyos sinewaka | munggèng păncaniti andhèr | sawadyabalanipun | pra punggawa satriya mantri | kang cêlak ngarsa nata | sira mantri ngayun | Arya Dwara Danurwedha | kalih prabu wurinira kyana patih | sira Arya Dhasthara ||

3. lawan Arya Tambara lan malih | Arya Hèrmata Arya Satmata | Arya Sêksa Sarabane | tuwin Sang Arya Kètu | Dyan Sarsana Dewana nênggih | wuri Arya Warsaka | Arya Sanjakètu | Arya Subata kalawan | sira Arya Sasara ing wuri linggih | nênggih Arya Sarata ||

--- 1 : 522 ---

4. ingkang eyang Sri Baladewa Ji | lênggah satata lawan Subrastha | ing ngarsa karêk dhewe |[24] samana sampun dangu | sri narendra dènnya tinangkil | Sang Prabu Dipayana | angandika arum | kakang Dwara wruhanira | ingsun arsa cangkrama marang wanadri | nênumpu sato wana ||

5. iya êndi alas kang prayogi | pantês ingkang ginawe grogolan | Patih Dwara lon ature | pukulun sang aprabu | wontên wana kang pantês ugi | wasta ing Sarahita | kalangkung pikantuk | kuciwa têbih nagara | wontên malih wana kang kenging kinardi | lêlangên pagrogolan ||

6. wana ing Palasara prayogi | kilèn ing patapan Wagiswara | tur cêlak nagara dhewe | kathah sèn-isènipun [sèn-isè...]

--- 1 : 523 ---

[...nipun] | amung kêdhik kuciwanèki | nênggih kirang bawera | kang eyang sumambung | Sri Bagawan Baladewa | lan Subrastha kang samya dèn prayogani | wana ing Palasara ||

7. datan kadohan lawan nagari | sri narendra panuju ing karsa | sang nata alon wuwuse | kakang Dwara dèn gupuh | nuli sira karyanên aglis | iya ing pagrogolan | Palasara iku | sira mênyanga priyăngga | dèn samêkta sandika rêkyana patih | sang nata angadhatyan ||

8. wus bubaran sagung kang anangkil | sami amakuwon sowang-sowang | tan winarna antarane | kya patih samêkta wus | amiranti saupakarti | ing rèh anambut karya | sawadyanirèku | wus mangkana lajêng budhal | maring wana punggawa kapat umiring | sira Radèn Sarămba ||

9. Arya Sasara Sarata tuwin |

--- 1 : 524 ---

Arya Kèstu sapanêkarira | kapat wus parêng budhale | datan winarnèng ênu | sampun sami manjing wanadri | lajêng anambut karya | andina gumuruh | angrakit kang pagrogolan | ênêngêna kang tansah anambut kardi | nèng wana Palasara ||

10. gantya ingkang kawuwusa malih | nênggih nagari Têrajutiksna | lagya siniwèng balane | jêjuluking Sang Prabu | Sri Kismaka dibya linuwih | prawira măndraguna | kaonang dibya nung | ing nguni ingkang pêputra | Prabu Boma Narakasura Sang Aji | nagri Tarajutiksna ||

11. Prabu Kismaka sugih prajurit | wadyanira prasami prawira | ing yuda pilih tandhinge | kathah punggawanipun | nayakane padha sinêkti | darbe bala bacingah | manungsa lan diyu | namaning pêpatihira | nênggih Wirabatana Rêkyana Patih |

--- 1 : 525 ---

ya ta wau sang nata ||

12. sampun dangu dènira tinangkil | Prabu Kismaka alon ngandika | hèh patih paran wartane | ing Dwarawati iku | mêngko sapa ingkang gumanti | kratone Prabu Krêsna | kya patih umatur | lêrêse paman paduka | putranipun Prabu Krêsna kang taruni | nama Prabu Sêtyaka ||

13. sri narendra angandika aris | yèn mangkono bapa karsaningwang | payo samaptaa age | pan ingsun arsa nglurug | marang nagri ing Dwarawati | ya kabèh balaningwang | manungsa lan diyu | kêrigên padha milua | kyana patih sandika budhalan nuli | sang nata angadhatyan ||

14. Patih Wirabatana ngundhangi | wadyanira manungsa lan ditya | gung alit kinêrig kabèh | antara laminipun | wus samapta budhalan aglis | sigra Prabu Kismaka | sawadya gumuruh | swaraning bala rasêksa | nrantang wana kadya udan sinêmèni [sinê...]

--- 1 : 526 ---

[...mèni] | saking gunging danawa ||

15. tan winarna lampahirèng margi | praptèng Dwarawati lajêng ngêpang | nagara linimput kabèh | karsanira sang prabu | aja na wong kang bisa mijil | ginagêring tyasira | dimène anungkul | gègèr wong desa lumajar | jalu èstri samya ngungsi jro nagari | giris mulat rasêksa ||

16. ambêbahak ing desa paminggir | angrêrusak wonge cinêkêlan | kacandhak lanang pinatèn | binoyong wadonipun | kèh pinotha dipun jamahi | wadya sami sasaran | ngungsi nusup-nusup | wus mangkana kapiyarsa | dening Prabu Sêtyaka gugup nimbali | Kya Patih Udakarya ||

17. praptèng pura sang nata lingnya ris | paran patih iki dayanira | mungguh ta mungsuh praptane | balane luwih agung | tur bacingah manungsa lan wil | paran patih

--- 1 : 527 ---

rèhira | apa ingsun magut | lawan yèn sira miyarsa | mungsuh iki saka ing nagara ngêndi | patih matur anêmbah ||

18. amba miyarsa mêngsah puniki | saking nagari Têrajutiksna | pulunan tuwan lêrêse | wasta Kismaka Prabu | kang pêputra nênggih ing nguni | raka paduka nata | Sri Boma pukulun | kang mijil saking ampeyan | milanipun prapta murina ing galih | sedane ramanira ||

19. èngêt ing tyas sang nata lingnya ris | witning mangkono ya kayaparan | ing prang ewuh-pakewuhe | anglawanana sunu | yèn kèndêlna ambêbayani | Kya Patih Udakarya | anêmbah umatur | manawi parêng ing karsa | luhung inggih anuwun bantu ing jurit | dhatêng nagri Ngastina ||

20. Prabu Sêtyaka ngandika aris | iya bênêr patih rêmbugira | sapa kang sun utus [utu...]

--- 1 : 528 ---

[...s] mangke | lan paran marganipun | dene kabèh mungsuh ngêbêgi | matur rêkyana patya | kawula pukulun | kang sowan dhatêng Ngastina | tanpa wadya amung lumampah pribadi | nilib anamur raga ||

21. sri narendra panuju ing galih | wus winêling ing solah sadaya | kya patih amit wijile | praptaning wismanipun | lajêng bidhal namur ing ratri | ngangge amindha sudra | nilip lampahipun | tilar marga manjing wana | baris mêngsah tan ana kang graitani | lajêng ing lampahira ||

22. nusup-nusup sajroning wanadri | tanpa rowang Patih Udakarya | datan winarna lampahe | praptèng Ngastina esuk | duk samana nuju tinangkil | Sang Prabu Dipayana | ing sawadyanipun | wus dangu dènnya sewaka | Patih Dwarawati ing praptanirèki | anjujug ngarsa nata ||

23. samya kagyat sadaya [sada...]

--- 1 : 529 ---

[...ya] kang nangkil | Patih Udakarya matur nêmbah | sampun katur sawêlinge | purwa wasananipun | wawêlinge ratunirèki | ya ta duk amiyarsa | sang nata angungun | tuwin sagung kang sewaka | samya ngungun sang nata ngandika aris | hèh paran Udakarya ||

24. apa sira winêkasa malih | marang ratunira uwa nata | Udakarya lon ature | pukulun sang aprabu | inggih amba gusti winêling | dhatêng uwa paduka | anuhun bêbantu | rèhning rumaos kasoran | yèn ngêmungna wadya tuwan Dwarawati | tan wande têtumpêsan ||

25. sakalangkung awrating ajurit | Prabu Kismaka prakosèng yuda | amăncawarna balane | manungsa lawan diyu | mila uwa paduka gusti | sangêt panuwunira | abantu ing pupuh | krodha

--- 1 : 530 ---

Prabu Baladewa | duk miyarsa wasana anyuwun pamit | arsa tindak priyăngga ||

26. abantu prang maring Dwarawati | ingkang wayah Prabu Dipayana | datan panuju galihe | kang eyang kèndêl mangu | sri narendra parentah aglis | ming Patih Danurwedha | kinèn abêbantu | maring Dwarawati praja | kinanthenan punggawa sakawan tuwin | sawadyabalanira ||

27. kinèn milu wadya kang prayogi | Arya Danurwedha tur sandika | wus winêling sadayane | sang nata angadhatun | bubar ingkang samya anangkil | kya patih tata-tata | badhe abêbantu | dhatêng Dwarawati praja | sawusira antara dina miranti | punggawa kang binêkta ||

28. Arya Hèrmata Satmata tuwin | Arya Sanjata [Sanja...]

--- 1 : 531 ---

[...ta] Arya Subata | samapta sagêgamane | myang sapanêkaripun | amiranti badhe ajurit | kya patih atêngara | para wadya kumpul | gumuruh swaraning bala | tanpetungan kadi trunaning udadi | asri apangkat-pangkat ||

29. pêpangkone kang para bupati | tunggul daludag awarna-warna | kilat-kumilat tejane | ngawêngi angênguwung | kèh warnane gêgaman jurit | datan antara budhal | risang mantri ngayun | sawadya punggawanira | miwah Patih Udakarya atut wingking | nyarêngi lampahira ||

30. tri gumuruh lampahnya lumaris | lir praharèng wana aru-ara | rusak kambah baris gêdhe | brastha kang kayu-kayu | jurang pèrèng kèbêkan jalmi | atêbah ara-ara | rampak kabarubuh | ya ta tan winarnèng marga [mar...]

--- 1 : 532 ---

[...ga] | lampahira prapta nagri Dwarawati | kabèh baris Ngastina ||

31. obah baris mêngsah duk ningali | praptane wadyabala Ngastina | otêr asamapta kabèh | baris Ngastina nêmpuh | tinadhahan rame ngajurit | gantya pinanduk pêjah | manungsa lan diyu | kotbuta mangungsir lawan | wong Ngastina sura tan taha ing pati | ngantêp yuda kênaka ||

Rampunging panêthakipun,[25] Anggara Kasih, kaping 27 wulan Dulkangidah, Alip 1835.[26]

 


Kurang satu suku kata: apêpulih ing ajurit. (kembali)
katong. (kembali)
Tanggal: sirna caturing wiku (740 taun surya). (kembali)
Tanggal: guna rêtuning kang ardi (763 taun căndra). (kembali)
katênta. (kembali)
Tanggal: bumi oyag kang ardi (761 taun surya). Semestinya taun surya 741 berdasarkan taun căndra 764 berikut. (kembali)
Tanggal: catur akarêngèng gunung (764 taun căndra). (kembali)
Tanggal: paksa sucining ardi (742 taun surya). (kembali)
Tanggal: wisaya karêngèng arga (765 taun căndra). (kembali)
10 Lebih satu suku kata: ing pêpèrèng gunung-gunung. (kembali)
11 Sêtyaka. (kembali)
12 Baladewa. (kembali)
13 Tanggal: guna kartining arga (743 taun surya). (kembali)
14 Tanggal: rêtu manising pandhita (766 taun căndra). (kembali)
15 katrajang. (kembali)
16 Tanggal: èsthining kapat pandhita (748 taun surya). (kembali)
17 Tanggal: tunggal swaraning ardi (771 taun căndra). (kembali)
18 Biasanya guru lagu u: sêsunu. (kembali)
19 antuke. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: tulalene nyêmprat-nyêmprèt. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: ing jêmparing tiba têbih. (kembali)
22 Tanggal: trustha yoganira sang rêsi (749 taun surya). (kembali)
23 Tanggal: panêmbahing rêsi sapta (772 taun căndra). (kembali)
24 Kurang satu suku kata: ing ngarsa kaparêk dhewe. (kembali)
25 panêdhakipun. (kembali)
26 Tanggal: Anggara Kasih (Slasa Kliwon) 27 Dulkangidah Alip AJ 1835. Tanggal Masehi: Selasa 23 Januari 1906. (kembali)