Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 022–047)

Judul
Sambungan
1. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 001–022). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 022–047). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 047–075). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 29-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Lajêng kacariyosakên:

"La ing kana ta wau, lêpas lampahira sri narpati kondur angadhaton kapapagakên garwa pramèswari têtiga Dyah Jêmbawati, Rukmini lan Sêtyaboma. Sawusnya lêlênggahan sang nata datan kêrsa pinarak ing sanabujana, nanging sigra manjing ing sanabusana.

--- 23 ---

Lukar busananing nata, santun busana kapandhitan laju têdhak ing sanggar pamujan.

Sang nata sigra mbêsmi dupa samustaka liman gêdhene cinampur ing ratus kayu garu rasamala cêndhanasari, kumêlun kukusing dupa rumabasèng jaladara mayat ngalor wetan yayah sundhul ing antariksa, sakala ngorêgake kalênggahane para jawata. Mapan sidhikara nalika samana, asta sidhakêp suku tunggal, netra liyêp mawas pucaking grana, lathi dhamis waja gathik datan ginêgêt, lidhah madal ing cêthak. Nutupi babahan hawa sanga. Ngêningake pancadriya, panca lima driya pêngangên-angên, mberat nafsu bêbayu patang prakara, amung sajuga kang pinardi.

Ana rasa tan karasa, swara tan rinungu, ganda tan ginanda. Mati ponang sir budi cipta rasa, kari nata wijiling bajra irawana. Sakal wus têkèng ing alam antara miyak ponang alam rupaloka, seda sajroning urip, urip sajroning antaka, wênganing cipta jagad gumêlar rinêgêm sagêgêm dadi, ya jagade sang nata pribadi. Wruhing lêlakon trusing paningal sakala wus tan samar marang pamoring suksma, miyak alaming gaib, mêlok tanpa aling-aling kang ngalingi wus kaliling gambuh lawan Sang Hyang Pramanajati, sajuga lawan Hyang Sukmakawêkas, karana iku sêjatine Wisnu konus saking angganira, nanging rinasa amung ana sajroning mat, mating supana lir layap-layap aluyud kaya pêsating supêna.

Katarima pênêdane sri narendra. Apa tandhane katarima?

Jroning sanggar palanggatan ana riris manda linuting samirana midid, sinarêngan ganda arum wêwangi, lamun katitika sang nata kêmbar suryane.

Wis purnèng gati nggènnya manêgês karsaning Hyang, sang nata lukar busananing kapandhitan gya ngagêm busananing kaprajuritan. Sumawana mêsat ing dirgantara têdhak ing praja Ngamarta.

Kasigêg dhodhogan "dhê-ro-dhog".

"Ganti kocapa ora kaya ing paseban njawi, para nayaka pêpak ingkang samya kawêntar sudibyane."

Mungêl gêndhing Kêdhaton Bêntar, kayon kajabêl kawangsulakên ing papanipun. Mêdal Nakula lan Sadewa saking têngên, lajêng tancêp ing sisih kiwa majêng manêngên gêdêbog nginggil Samba tancêp ing têngên majêng mangiwa, Sêtyaki sawingkingipun Samba. Udawa tancêp ing kiwa sawingkingipun Nakula Sadewa. Lajêng Tumênggung Druwajaya (ingkang kadamêl Pragota) tancêp ing sawingkingipun Udawa. Dumugi kênong tiga, gêdhog kothak nggantêr gangsa sêsêg lajêng kêsigêg dhodhogan "dhê-ro-dhog". Kajantur!

"Punika warnanira bangsal pangrawit paseban njawi. Radèn Samba andhèrèkakên ingkang paman satriya Pandhawa, ngrakêtakên sowanipun nayaka waktra Dwarawati, Sang Mapatih Udawa. Bêg andhèr ambalabar kang samya sumewa dumugi ing sajawining taratag rambat. Busanane pra wadya abyor pindha sêkar palasa

--- 24 ---

lagya nêdhêng. Bandera rontèk umbul-umbul myang kakandha kumêrap kamarutan kadya ombaking jalanidhi. Kathahing wadya tinon lir samodra pasang, kadi angrubuh-rubuhna pacak sujining alun-alun. Têka kaya mangkana arum wijiling pangandika Radèn Samba.

Samba : Paman sêkalihan swawi lênggah ingkang prayogi paman !

Nakula+Sadewa: Putraku Samba iya, mara enggal dhawuhna marang kawula mumpung isih ombèr wêktune.

Samba : Inggih paman!

Dipun kombangi "O ... " gangsa mantun sirêpan, kasêsêgakên lajêng suwuk, dipun suwuk, dipun suluki ada-ada girisa kados tuladha kaca 11 lajêng ginêm.

Udawa : Nuwun Radèn Samba, kula ngaturakên hêrmatswakata rèhning pasowan kula radi kapering têbih.

Samba : "Hèr banyu, matswa iwak kata pangucap, apa têgêse wa patih?"

Udawa : kenging kula upamèkakên, pun patih kadidene ulam kasadan toya, sami pating balêbêr ngungsi ngupadi dununging warih, gandhèng pun patih punika kasadan ing pawartos, kula nusung pawartos gusti."

Samba : Iya wa patih mêsthi bakal ingsun kabarake!

Druwajaya : Hi hik goplêm mbêldhêle ha ha ha, nuwun anggèr pun abdi nyuwun panduman ha ha ha inggih nggèr!

Samba : Panduman apa paman Tumênggung Druwajaya, bupati panamping, ngiras pantês dadi paniti sastra?

Druwajaya : Inggih kupon kupon, amargi sajakipun, kok radi macêt?

Samba : Dudu patrape yèn sira takon bab macêting kupon marang aku. Aku paring pangwasa marang sira kabèh nyuwun apa bae kang sira karêpake, lan paman tumênggung iku punggawa kang kêcakêt karo nagara, mula tak pasrahi ngurusi bab iku, kêna apa ana macête kupon mbok takokake aku? Yèn pancèn nyata macêt tênan, aku takon kapriye pêgaweanmu paman, apa ndadak kok slèwèngake?

Druwajaya : Wa hu hu hu hu, gênahe kêtanggor aku iki, mênawi ndangu bab kupon sampun waradin. Inggih, punika wau namung matur, matur gêgujêngan, gandhèng wêkdal mangke kok ingkang dados obyèk bab kupon, ha ha ha ha, nyuwun pangapuntên radi kêladuk inggih labêt sampun watak wantuuuu, huha hu hu hu!

Samba : Iya paman kaya ora dadi apa!
Wa Patih Udawa apadene kang padha seba. Ndadèkna sumurupira, aku ngêmban dhawuh timbalane kangjêng dewaji.

--- 25 ---

Kabèh dhinawuhan miranti, kangjêng dewaji arsa tindak ing Ngamarta ngambah dirgantara. Dene aku lawan paman Sêtyaki kadhawuhan ndhèrèkake tindake paman Nakula lan paman Sadewa!

Udawa : Nuwun, punapa kang abdi kêpatihan kêparêng ugi ndhèrèk?

Samba : Wa patih, sira tunggua praja aku mung nganthi prajurit pilihan sawêtara, amarga nagara lagi kêtaman ing lara ayu sêthithik kang ngungkurake akèh kang ngarêpake, salah sijine yaiku pangincime Prabu Purbaningrat saka ing Giripurba, arsa mbêdhah praja-praja ing tanah Jawa kene kabèh. Mula kangjêng dewaji bakal sabiyantu lawan para kadang Pandhawa ngrampungi bab iki!

Druwajaya: E ha ha ha ha, kêparêng sumêla atur radèn?

Samba : Matur apa Tumênggung Druwajaya?

Druwajaya: Ingkang badhe mbêdhah nêgari punika nata pundi radèn?

Samba : Prabu Purbaningrat Nata Giripurba tanah ing Magada!

Druwajaya : Ii la dalah. Ah hêmmm. Kok mbotên wingi-wingi ngêndika. Upamia makatên Nata Giripurba rak sampun sirna marga layu!

Samba : Êlo, apa kandhamu iku kêna tak prêcaya Druwajaya.

Druwajaya : Ehe ha ha ha. Tawi mbotên pêrlu, buktinipun kemawon mangke kadosa pundi?

Samba : Apa sing mbok êndêl-êndêlake, apa kowe mêntas maguru anyaran?

Druwajaya : E inggih, selak inggih mbotên, ngakêni inggih mbotên, namung mênawi bêtah kemawon kula sagah madosakên?

Samba : Apa kabisane gurumu iku?

Druwajaya : Sabdanipun kalangkung mandi, tiyang dipun sotakên mbotên nêmahi, badhe sumêrêp tiyangipun kula!

Samba : Coba timbalana mrene. Kalamun bisa ngrampungi gawe bakal gêdhe ganjarane.

Druwajaya : Inggih ho ho ho, kok mbotên kala wingi-wingi dhawuh. Sampun katrucut!

Samba : Katrucut kapriye?

Druwajaya : Tiyangipun sampun ngajal kala wau enjing ha ha ha!

Samba : Es ora gênah wong wis saba yomani dikandhakake. Wa patih!

Udawa : Wontên dhawuh ingkang pangandika anggèr pangeran?

Samba :Mêtua njaba, undangna marang para wadya, lawan titihan rata kadipatèn dhawuhana ngrakiti!

--- 26 ---

Udawa : Têrang dhawuh paduka kêparênga mêdal pasilan!

Samba : Iya wa patih, mangsa borong aja kaya bocah cilik!

Dipun suluki ada-ada Astakuswala alit:

666666
Mun-durrê-kya-napa-
66x^x!x@@@@
tihun-dangprawa-dya
@@@x@x.x#x%@6
sa-myasa-ne-gau-
666666
myungsa-myaswa-ra-ning
666x5x.x655
bên-dhebè-rigu-bar
5555x5x3x6x.x5x3x2^
gur-nangka-la-wanpuk-
x!x.x@@@@@@
surtam-burmyangsu-ling
@@@@x@x#x%@
pa-pan-jènda-lu-dag
666666
ban-de-ramu-wahka-
66666x5x6
kan-dhawar-na-war-na
55555x3x5x6x.x5x3x2
pin-dhaja-la-di-yan
x5x.x3x2x.x1xy556x5x3x5x6x.x5x3x2
O...a-srika-wur-yan

Salêbêting suluk Udawa nyêmbah lajêng mundur, lajêng ginêm:

Udawa : He, he bocah Dwarawati, ora ana kang sun arani, kabèh padha majua!

Prajurit : Kula kula kyana patih wontên dhawuh punapa?

Udawa : Rungokna dibêcik, aku ngêmban dhawuh timbalane gustinira kadipatèn, kowe kabèh kadhawuhan pradandan samêkta gêgamane yuda, amarga nêgara kêtaman ing lara ayu. Arêp ana mungsuh kang nêkani marang tanah Jawa. Mula sinuwun prabu arsa tindak marang praja Ngamarta, kadhèrèkake gustimu pangeran adipati lan radèn arya. Amung mundhut pandhèrèk prajurit sinêlir sawêtara. Lan sira kabèh bakal kadhawuhan nguntapake têka têpis iringing praja sinambi nata panjagan mboknanawa ana têlik sandiupaya kang lumêbu.

Prajurit : Inggih dhatêng sandika. Mara kanca padha pradandana, miranti sangkêp upakartining jurit. Bêdhil buntêt dikoroki, tumbak abang diwarangi, landeyan gapuk disalini, aja milih sakayu-kayune miliha kayu walikukun, nagasari, apêse bae jati gembol, prêlune ana bekaning gêgaman landheyane mrantasi gawe!

--- 27 ---

Udawa : Titihane gustimu kadipatèn rakitana!

Prajurit : Nuwun inggih dhatêng sêndika, he kanca kreta, kreta!

Udawa : Apa ana bocah somatali?

Prajurit : Nuwun inggih wontên!

Udawa : Jaranku si pamuk kêncêngana kambile.

Prajurit : He kanca jaran jaran jaran!
Nuwun kyana patih sadaya sampun samêkta!

Udawa : Bakal ndhak aturake. Nitènana têngara. Bêndhe sêpisan dandan, kapindho mlumpuk sajuru-juru, kaping têlu bodholan!

Prajurit : Nuwun dhatêng sandika.

Lajêng dipun suluki ada-ada Astakuswala agêng.

36222x2x.x1
Grak-grakan-dhê-man-ing
x2x.x33x5x.x666x6x.x!
kangja-ranngrikma-ga-
65333x2x.x3
laggan-tima-ni-tih
22222x2x.x1
pa-mê-kak-i-rari-
2x.x3x2x1xy1x.x2x1xyxtxe2222
sangO...Su-dar-sa-na
x2x.x1x2x.x3x2x1xy!!!!
da-hatKên-dha-lira-
!!x6x.x!x@x.x!x6x5x366
ngahman-jingO...lak-lak-
6x6x.x!6333
anku-dangrikmi-jil
x2x.x322222
rahka-dyatuksu-ma-
2.1x2x3x.x2x1xyx1x.x.x.x.x.626
ram-bahO...(umpak gêndèr)mung-jirmung-
2x1x.x.x.x.!!!x!x.x6
jirA...yaksamah
5x@x.x.x.x.@1!!
anO...kru-rasruma-
x!x.x65x1x.x.x.x.x.222
na-utA...yit-nasang
22x2x.x1yx3x.x2x1xyx.xt
nar-pat-ma-jaO...

--- 28 ---

Dumugi cengkok sasampunipun "mung-jir" dhalang nêtêg kêpyak, lajêng Udawa majêng, nyêmbah, tancêp lajêng ginêm.

Udawa : Kawula nuwun nggèr, sadaya sampun samapta, ing sawanci-wanci bidhal kados mbotên badhe nguciwani!

Samba : Iya wa Patih Udawa. Kadospundi paman, kêrsanipun paman, punapa lajêng kêparêng bidhal samangke!

Nakula+Sadewa: Kulup, pamrayogaku, kalamun wus samapta budhalan samêngko uga!

Samba : Nuwun inggih paman! Wa patih, enggal nabuha têngara aku budhal saiki uga!

Udawa : Ngèstokakên dhawuh radèn!

Lajêng dipun suluki: Ada-ada budhalan Mataram, Udawa nyêmbahmêdal.

6666666
En-jangbi-dhalgu-mu-ruh
66666x6x.x!5
sa-kingna-griDwa-ra-ka
x@x.x#!!!!x!x.x65
gunging-kangba-lakus-wa
111111xyx.x1
a-brabu-sa-na-ni-ra
2222222
lirsur-yawê-dal-i-ra
2222x2x.x3x666
sa-kingja-la-ni-dhiar-
66666x6x51
sama-dhang-ijagadduk
11111xyx.x12
mu-ngup-mu-ngupa-nènga-
2222x2x.x1yx3x.x2x1xyxt
nèngpu-cak-ingwu-kirO...

Lajêng kacariyosakên:

"Wus mêdal Kyana Patih Udawa, praptèng njawi sigra nabuh têngara budhalan, bêndhe munya mangungkung, tambur suling gong maguru gangsa têtêg kaya butula. Sura mangambal-ambal, dêdrêg umyêg kadya gabah dèn intêri. Mangkana bidhaling wadya sinawang saking madrawa yayah maesa krura".

Gangsa mungêl Kêbogiro irama tamban. Tumênggung Durwajaya lajêng nyêmbah kabêdhol, kaentas mangiwa. Samantên ugi Sêtyaki.

Sasampunipun, lajêng Nakula lan Sadewa kabêdhol sarêng, tangan ngajêng wingking katêkuk lajêng kalih-kalihipun kacêpêng ing asta kiwa. Samba ngacarani, Nakula lan Sadewa malik, lajêng kaêntas mangiwa.

Dhalang wiwit ngêpyak, gangsa sêsêg, Samba kabêdhol ngêgèt, ulat-ulatan lajêng kalampahakên mangiwa kaêntas.

--- 29 ---

Druwajaya mêdal saking têngên, kadamêla ingkang gagah, mlampah mangiwa dumugi pungkas kiwa ngawe-awe. Tangan wingking malangkêrik. Ampyakan kawêdalakên, dumugi sangajênging Druwajaya kapêtha kurmat. Druwajaya kabêdhol kaêntas mangiwa.

Udawa lan Sêtyaki ugi kasolahakên kados tuladha ing nginggil. Sasampunipun rampung lajêng ampyakan kalampahakên saking têngên, dumugi pungkas kiwa kèndêl nanging gêtêr, sasmita gangsa irama tamban, nanging lajêng dados irama rangkêp ampyakan lajêng katancêpakên. Dhalang lajêng nggêdhog kothak rangkêp nyêla irama. Druwajaya numpak kapal dipun sarêngi ampyakan, kasolahakên, sêmantên ugi Udawa lan Sêtyaki.

Ndhodhok kothak sêpisan gangsa dados irama sêsêg Samba Nakula lan Sadewa, numpak kreta sêsarêngan, lajêng kabidhalakên mangiwa, ampyakan lajêng kabidhalakên mangiwa, kêdhêr, sabên dumugi gong kadhangakakên, punika nggambarakên uluk-uluk kalasangka. Watawis 3 gongan lajêng kaêntas kayon katancêpakên ing kiwa, ampyakan tancêp ing kiwa radi manêngah gangsa suwuk, dipun suluki ada-ada mataraman:

666666
Ri-katlam-pah-i-rèng
66666x5x.x6
ra-tatanan-ta-ra
x2x.x111111
prap-tèngsu-ku-ningar-
xyx.x1!!!!x!x.x6
gae-ramtu-mi-ngal-
5x@x.x.x.x.x.!!!!
eE...pa-ku-wona-
x!xx651111
sri-nendhên-dhêngsa-eng-
11xyx.x1222
gapra-jau-mungkang
222222
pra-dang-gabu-sek-an
2x2x.x1yx3x.x2x1xyxt
kangjan-maO...

Lajêng ginêm.

Pèngêt: Sabên gantos pada, gantos lêlagoning swantên, amargi punika nggambarakên pancalutoning tiyang kathah.

+ E mandhêg-mandhêg kanca mandhêg!

- E alon kanca, alon-alon!

x E mandhêg ta mandhêg. Mburi kuwi kêpriye, mburi kuwi, dikandhani mandhêg kok nekad nêsêg bae!

- E lha kêpriye ta ngarêp kuwi priye? Kok mandhêg-mandhêg barang. Ayo ta maju, kojur sing ana têngah iki. Ngarêp mandhêg mburi nêsêg!

+ E nekad, ngêrti têgêse mandhêg ora?

x Ora wong prêkara têmbung mandhêg wae kok diênggo padu, mandhêg kuwi gênah ora mlaku.

+ Lha gene ngêrti, kon mandhêg wae nekad.

- Nekad pisan, wong iki akèh gêgaman ligan, diêsuk saka mburi, yèn nganti kêcocog mêsthi bilai.

+ Duwe kênthongan ditabuh, mburine dikandhani yèn ...

--- 30 ---

x Es, kok padu dhewekan iku kêpriye ta? Ngarêp kuwi entuk ramon apa? Mbok mburi kene diêdumi.

- Lha ya kêpriye ta iki, prajurit baris kok ilang tatanane, pating bêsasik, larikane priye, larikane ...

+ Kuwi ana manèh! Gèk malêngkêr kuwi ngapa ya?

x Sik slêpènku tiba kok.

+ Lho apa arêp udut? Ora kêna! Prajurit baris ora kêna udut!

x Ora, mung arêp ndlêsêpake têgêsanku kari sithik iki.

- Ora nèh, kok ndadak mandhêg barang iku ana apa ta ya?

+ Dalane rusak ora kêna diambah kreta lan jaran.

x Dalan kok nganti rusak ki kêpriye ta? Apa ora tau didandani dening kang kawogan?

- Eh ya didandani jane. Ning aku wis tau mrangguli, rumangsaku wong loro arêp ndandani dalan padha jagongan dhisik, ning sak kesuk sing siji kok ora owah lan obah. Kudhunge ora mingsêd. Barêng tak tiliki arêp nyatakake ana wong linggih kok antêng timên, tibane sing tak arani wong linggih kudhungan mau pacul dicantholi kudhung. Apa tumon, ana sakesuk jarene nggarap dalan tibane pacule mung diajak jagongan.

+ E ngono. Kêpenake dilaporake bae karo ndhuwurane, dalan rusak kok ora didandani, ngrugèk-ngrugèkake nêgara bae.

x E aja, aja kanca. Aja kêsusu, amarga kira-kira anggone kaya mangkana iku mêsthine ana sêbabe. Adoh-adoh saka praja têka kene aja mung arêp metani luputing sanak. Ora bêcik!

- Witekna kêpriye, dalane rusak ngene?

+ Nyimpang kanca nyimpang!

x Nyimpang kangelan, kiwa jurang têngên punthuk èrèng-èrèng.

- Wo lha cilaka. Wong arêp nyimpang bae kangelan. Wis bêcike bali bae!

+ Hus ora bali. Dalan rusak kudu didandani!

x E, bêcik, bêcik. Bêcik kanca bêcik didandani.

- Mara bukakên pêthi-pêthi sing dimomotke jaran mburi kae. Kae isi piranti têtanèn. Ayo kanca ayo!

+ Satus barêng mutus, sèwu barêng maju!

E ayo! Ayo! Ayo kanca ayo!

Ndhodhog kothak rangkêp x7, lajêng rangkêp nyêla irama x5 nuntên dipun kêpraki. Gangsa mungêl srêpêgan pathêt ênêm. Pêrang ampyak, ampyakan nocogi sarta nggantholi kayon marambah-rambah lajêng kabucal. Makatên watawis 2-3 rambahan, lajêng rampogan nocogi, ngganthol wusana lajêng mbrobos sangandhaping kayon. Ampyakan kaêntas mangiwa, kayon kakêdhêrakên ngiwa nêngên 3 rambahan, lajêng dumugi têngah-têngahing kêlir, pucuking kayon nèmplèk ing kêlir mayat manêngên. Gangsa suwuk lajêng kayon kakêdhêrakên ngiwa manêngên, lajêng dipun suluki pathêt Kêdhu.

--- 31 ---

6666
Myatla-ngên-ing
66x5x.x62
ka-la-ngyana-
2222
glarpa-dhamun-
x1x.x2x1xyx5x.x.x.x.x.x.x.22
carO...ti-non
222x1x.x2
lirkê-ko-nang
3x5x.x655
su-rêmsorot-e
5x5x.x32x2x.x3x.x5
tan-padhangka-
x2x.x3x.x522x2x.x1
sorlanpa-jar
xyx.xtx!x.x.x.x.x.x@x.x!x6x5x.x3!
ingO...O...pur-
!!!!
na-mènggê-ga-
x6x.x!x@x.x!x6x.x5x3x2x.x3x5x622
naO...dha-sar-
2222
emang-saka-
x2x.x1x1x.x1x2xyx5x.x.x.x.x.x.2
ti-gaO...hi-
22x1x.x2e
ma-na-wênging
x5x.x635x5x.x3
u-jungan-ca-
2x2x.x3x.x5x2x.x3x.x5.2
laa-sê-nên
222x2x.x1
kar-yawi-gê-
xyx.xtxyx.x.x.x.x.x.x1x.x22
naO...mi-wah
222x1x.x2
si-ningwa-na
x1x.x1xyxtx.xe(wetetyt.ytet.ew)22
O...(umpak gêndèr)wrêk-sa-
22x2x.x1x1x.x2x1x1xy
gungti-nu-nu
x2x.x1x1(1112y12312312312qyetytwety)
O...(umpak gêndèr)

(Pèngêt: mênawi pathêt Kêdhu punika sampun ngêlik, kayon lajêng katancêpakên ing pasewakan têngah gêdêbog ngandhap mayat manêngên).

Lajêng kacariyosakên:

"La ing kana ta wau, untaping wadya saking Dwarawati dahat asri kawuryan. Wêdalira saking alun-alun lir sulung rêbut marga. Kèhing janma umiyat tanpa wilangan. Kang lumaksana lir sela brêkithi, sela watu brêkithi sêmut, lir sêmut lumakwèng sela, ndalidir datan ana pêdhote. Tumindaking prajurit kadya wêrdhu gangga, sasra, kaya lintah sèwu kumêlap barêng maju, gêdêbuging lampah kalêbêt ing bandera rontèk kumropyaking watang gathik, karincinging kêndhali kasauran swaraning tambur suling gong maguru gangsa, abarungan lawan pangriking kuda miwah angrêmpêting dipangga, kapyarsa kadi gêrah kapat. Gêbyaring busana sarawungan lawan ujwalaning sanjata kasoroting diwangkara pindha kuwung obar-abir. Lampahing wadya agêgolongan, ingkang busana puspita tinon lir puspita panjrah. Ingkang busana wilis sinawung pindha jaladha ngêmu teja.

--- 32 ---

Kang busana pêthak pindha kontul anêba, kang busananira langking sinawung kadya dhandhang arêraton. Ingkang busana rêta lir ardi pawaka. Ardi gunung pawaka gêni, kaya gunung kawêlagar."

Lajêng kasinggêt dipun suluki pathêt 6 jugag kados tuladha kaca 10 lajêng kacariyosakên:

"Rikat lampahirèng rata tan antara praptèng sukuning arga têpis iringing praja; saya pakuwon umung kang pradangga busêkan pra janma. Wus lêrêm pra prajurit saking Dwarawati, sigêg, gampange kang murwèng kawi, pêrak ginawe adoh, adoh ginawe pêrak. Ora kaya kang yasa pakuwon pasisiring praja Wiratha, Patih Bujopati saking Giripurba, tansah angêntosi rawuhing nata lir lumampah tan nuli prapta."

Ndhodhog kothak, mungêl gêndhing Rindhik sld. pt. 6.

Sasampunipun ngungalakên blencong lajêng mbêdhol kayon katancêbakên ing papanipun. Mêdal patih nglêbêt. Kalarudragra[1] (ingkang kadamêl Indrajit utawi patih sabrangan ingkang gêlung kêling), patih njawi/Kalasumbaga, Tumênggung Carangpanigas. Tumênggung Anglêngsênut dhawah kênong tiga nggêdhog kothak nggantêr, irama sêsêg, dhawah gong ngêdalakên Patih Bujopati (ingkang kadamêl Kangsa), tancêp sisih têngên malangkêrik. Badhe dhawah kênong sêpisan kasigêg "dhê-ro-dhog" lajêng kacariyosakên:

"Nahanta ingkang winursita, nênggih gantya ingkang kocapa, wontên gêmpalaning carita. Punika warnane ingkang yasa pakuwon ing pasisiring praja Wiratha, gêgamaning nata ing Giripurba tanah Magada, apangkat mantri wisesa, sêsilih Patih Bujopati. Sêmbada wirotama, dhasar sêkti mandraguna jayèng palugon. Gêdhe prabawane sang nayakawaktra, yèn sêgu kaya gludhug, lamun pêthak kaya gêlap nyambêr. Marma pinracaya ing gusti anindhihi para wadya kinèn nonjok nawala marang para nata saindênging tanah Jawa wus kêmput, sarta pasang têluh tênung wus waradin. Ing saindênging paraja[2] Jawi wus sinêbaran têlik mangendrajala, mowor sumbu kang pinatah akarya kisruhing swasana. Salêbêting wana-wana nusa Jawa wus kêbak para diyu kang samya baris pêndhêm.

Samana sang mantri wisesa miyos ing bale wêwangunan, pêpak andhèr para manggalaning jurit ingkang samya sumiwi. Kang cakêt ing ngarsa, rêkyana patih nglêbêt Kalarudragsa, miwah patih njawi Kalasumbaga, Tumênggung Carangpanigas, saha Tumênggung Anglêngsênut. Ing sajawining bale wêwangunan kèhing wadyabala manungsa lan rasêksa tanpa wilangan, racak sadaya sami sêkti mandraguna têguh wêntala tau tate amungkasi karya. Kathah para punggawa diyu ingkang prawirèng jurit, samya dadar-dinadar akarya pangeram-eram, ana kang acanthèng sela samaesa gêdhene dèn umbulakên kêtap-kêtap dhawahipun tinampèn asta. Sawênèh ana kang sumping pring sadhapur, sabuk ula lanang, pating galidrah, sinawang kaya singa binasahan.

--- 33 ---

Samana dèrèng ngantos imbal pangandika kyana patih wisesa kêsaru paniyubira Nata Giripurba Prabu Purbaningrat saking gêgana, anganthi satunggaling rêsi awasta Bagawan Garudaya. Kagyat ing wardaya sang mantri wisesa sigra mlorot saking palênggahan, mêthukakên kang nêmbe prapta!

Dipun kombangi "O ... " gangsa mantun sirêpan patih ulat-ulatan, lajêng kabêdhol mlampah mangiwa alus.

Prabu Purbaningrat (ingkang kadamêl Boma) kalihan Bagawan Garudaya (sumangga karsa waton sanès Abiyasa utawi Bisma, awit punika badhe kangge), mêdal saking kiwa sêsarêngan. Bagawan Garudaya mandhêg, Prabu Purbaningrat lajêng malik, lajêng tancêb ing têngên malangkêrik, têrus ngacarani Bagawan Garudaya, ingkang lajêng tancêp ing kiwa. Patih Bujapati mêdal, nyêmbah lajêng tancêp ing sawingkingipun bagawan. Gêndhing kasêsêgakên, lajêng suwuk. Dipun suluki pathêt lasêm.

x6x.x.x.x.x.x@x@x@x@x!x@655
O...O...de-neu-
555x5x6x5x3
ta-ma-ningna-ta
33333
bèrbu-diba-wa
3x3x56x@x@x@x!x6x.x5x.x62
lêk-sa-naO...lir-
22222
ebèrbu-dimang-
2x1x.x2x1xyx5x5x5x5333
ka-naO...li-la
3333x5x6
lê-ga-wa-ingdri-
6x@x.x!x6x5x6222
yaO...a-gungdèn-
2222x1x.x2
nyapa-ringda-na
3x5x6355
ang-gê-gan-jarsa-
5x5x.x32x2x.x3x.x5x2x.x3x.x5
bêndi-nalir-e
2222x2x.x1
kangba-walêk-sa-
x6x.x5xyxyxyxyxyxyx1x222
naO...a-nê-têp-
2222x1x.x2
ipa-ngandi-ka
xyxyxyxyxyxy235.6535.6535.32
O...(umpak gêndèr)

Ginêm:

Patih Bojapati: Nuwun, sarawuhipun sinuwun prabu kula atas nami para abdi-abdi paduka ngaturakên pangabêkti sinuwun!

Nggêdhog kothak sêpisan. Prabu Purbaningrat kapêtha sangêt.

Purbaningrat : Êlo! Saelingku dadi ratu lagi iki kêdhisikan rêmbuge patih!

--- 34 ---

Patih Bujopati : Nuwun inggih sinuwun manawi kagalih lêpat nyuwun pangaksama!

Purbaningrat : Ya ya ora dadi apa. Pangabêktimu sakanca ndak tampa pangèstuku tampanana.

Bujopati : Gurawalan pamundhi kula sinuwun!

Purbaningrat : Ya saiki aku tak takon. Sadurunge aku rawuh kene ana alangan apa wae kang sira prangguli sakanca!

Bujopati : Nuwun inggih sanèsipun ingkang alit-alit mbotên wontên sinuwun angsal bêrkah pangèstu paduka.

Purbaningrat : Sing cilik-cilik iku upamane apa?

Bujopati : Upaminipun mlampah kêsandhung, lajêng ...

Purbaningrat : Hus, mlaku mlaku kêsandhung kok aturake! Wis seje sing dirêmbug. Kang barêng aku iku guruku nalika isih nom-noman biyèn asmane Rêsi Garudaya kang bakal mbiyantu salakuku!

Bujopati : Nuwun inggih sinuwun. Mangke dèrèng dangu rawuhipun sang rêsi kula atas nami para abdi Giripurba ngaturakên pangabêkti.

Garudaya : Iya patih bangêt panarimaku, pamujiku bae tampanana tumrap sira sakanca.

Bujopati : Gurawalan pamundhi kula sang rêsi!

Purbaningrat : Bujopati! Kêpriye sira sun pasrahi gawean? Coba aturna!

Bujopati: Nuwun inggih sinuwun labêt saking mawantu-wantuning pa...

Purbaningrat : Ess, ora susah ndlêming ngrumpaka basa cukup diwangsuli ngatên ... ngatên ... cukup.

Bujopati : Ha inggih! Sampun rampung. Bab tênung têluh saka wadya mowor sambu-sambu tuwin sêrat ulêm ... eh kok sêrat ulêm ... sêrat panantang sampun waradin. Ing wana-wana sampun kêbak para wadya diyu ingkang sami pacak baris pêndhêm.

Purbaningrat : Ha, ha, ha bagus, bagus. Pancèn kaya mêngkono sing dak karêpake. Nanging aku kêpengin ngêrti kapriye wohing pakarti kang sira êcakake iku patih?

Bujopati : Nuwun inggih sinuwun. Kabar-kabar ingkang kawula tampi, miturut aturipun adhi Patih Kalarudragsa, para nata sampun sami miris. Miwah kawontênaning praja sami kisruh, kathah pasulayan, inggih punika asil para pakartining abdi paduka prajurit manungsa ingkang mowor sambu!

Purbaningrat : Iya-iya patih bangêt panarimaku. Pagawean bêcik anggonên salawasmu!

--- 35 ---

Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 022–047): Citra 1 dari 1
PASOWANAN ING NAGARI GIRIPURBA TANAH MAGADA

Prabu Purbaningrat kaadhêp Bêgawan Garudaya, Mantri Wisesa Bujopati, lan Patih Kalarudragsa.

--- 36 ---

Bujopati : Kawula nuwun ngèstokakên dhawuh!

Purbaningrat : Paman Rêsi Garudaya!

Garudaya : Anak prabu ana pangandika apa?

Purbaningrat : Kula nyuwun panimbang, kadospundi pamanggih paduka mênggah lêkas kula ing salajêngipun.

Garudaya : Anak prabu, manut pamawase pun bapa luput saka karsane anak prabu, ya wêktu iki kalamangsa kang purna minangka miwiti lêkase anak prabu!

Purbaningrat : Inggih paman cocog kalihan karêntêging manah kula. Patih! Aja katalompèn, mara enggal budhalna wadyanira, ndhisikna para wadya rasêksa kinèn dadi cucuking laku. Ingsun arsa miwiti pakaryan ngrata jagad. Dene ingkang ingsun tuju dhisik dhewe nêgara Ngamarta, amarga iku lajêring kêkuwatan tanah Jawa!

Bujopati: Têrang dhawuhipun ingkang sinuwun kaparênga ingkang abdi ngrumiyini lampah!

Purbaningrat : Iya patih, ora ketang sambung obor mangkata wêktu iki uga bêbarêngan salaku!

Nggêdhog kothak x7 lajêng x5 nyêla irama, gangsa mungêl srêpêgan 9, bêdholan. Salajêngipun tancêp ing pagêlaran, Bujopati tancêp sisih têngên. Kalarudragsa sawingkingipun Bujopati. Lajêng Kalapraceka (dênawa cakil), Kala Pêdhutsêgara miwah Kala Montrokêndho ing kiwa.

Gangsa suwuk dipun suluki ada-ada Mataraman jugag.

666666
Ju-mang-kahang-grosu-
666666
mum-barlin-dhubu-mi
6x5x.x6x2x.x1111
gon-jinggu-mê-lê-dug
111xyx.x122
gên-turkê-tugu-mob
222222
kangja-la-drilu-mem-
2222x2x.x1y
bakpê-nyuku-mam-bang
x3x.x2x1x.xyxt
O...

Ginêm:

Bujopati : He, he, he, apa ora ana pisowane bocah buta pasisiran!

Praceka : Ui la dalah! Badhe maringi ganjaran punapa rêkyana patih nimbali abdi paduka, kula pun Kala Praceka!

Pêdhutsêgara : E e he e e e e, wontên dhawuh punapa nimbali pasisiran pun Kala Pêdhutsêgara!

Montrokêndho : Nimbali dikdyakala Montrokêndho dhawuh wontên punapa.

Bujopati : Ndadèkna sumurupmu. Kowe kabèh ndak piji ing ngarsa aja kêsusu nampani ganjaran, awit dene aku ngêmban

--- 37 ---

dhawuh timbalane ingkang sinuwun sira kabèh ndikakake pradandan, budhal nglurug marang praja Ngamarta. Lan sira bocah buta ingsun patah andhisiki laku gawea bêbujul lumêbu sajroning rangkah praja Ngamarta, lan ingsun idini ngrusak lan njêjarah-rayah ing karang padesan. Amung minangka panuntuning laku, aja katalompèn angantia Si Tejamantri!

Kala Praceka : Trang dhawuhipun gusti patih kêparêng mêdal pasilan!

Bujopati : Aja ambêcècèr laku, ora ketang sambung obor budhala wêktu iki uga.

Kala Praceka : Nuwun inggih ngèstokakên dhawuh!

Pêdhutsêgara : Ngèstokakên dhawuh!

Montrokêndho : Dhawuh kula èstokakên!

Nggêdhog kothak x7 lajêng nyêla irama, gangsa mungêl srêpêgan, lajêng bêdholan. Para rasêksa mêdal saking kiwa kasolahakên urut-urutan. Kala Praceka, lajêng Pêdhutsêgara, lajêng Montrokêndho.

Carangpênigas, Kalasumbaga, Kalarudragsa, candhakan, Sêtyaki mêdal saking têngên, kalampahakên sarambahan, lajêng mêdal malih papagan kalihan Kalarudragsa, tancêp, Sêtyaki têngên. Kalarudragsa kiwa kasusul Kalasumbaga saha Tumênggung Carangpênigas lan Anglêngsênut. Lajêng Udawa, Druwajaya tancêp sawingkingipun Sêtyaki, gangsa kasêsêgakên lajêng suwuk dipun suluki ada-ada mataraman kados kaca 29.

Ginêm:

Kalarudragsa : E e, jagad dewa bathara, Kalasumbaga.

Kalasumbaga : Wontên dhawuh ki patih.

Kalarudragsa : Durung kongsi sambung obor lakuku saka pasisir wis kêpapag barisan. Wadhuh wadhuh tumbake nrucuk kaya jati ngarang, nganggo gêlar sapapan. E sajake akèh senapatine katitik cacahing umbul-umbul lan kakandha kang manekawarna. Wangune sing êndhèk cilik ana ngarêp iki têtindhihing laku.

Kalasumbaga : Pandugi kula inggih makatên, cobi enggal kadangua!

Kalarudragsa : He he he, kisanak, mandhêga ndak takoni, mumpung durung kêbacut. Ndak sawang sira kaya gêgamaning ratu, mara ngakua, sapa jênêngmu apa pangkatmu, ngêndi prajamu lan sapa ratumu, ngakua!

Sêtyaki : I i i jagad dewa bathara. Ana wong takon kok dupèh bisa kumêcap. Yèn prabote kaya wong pangkat nanging kasusilane nora ana. Takon manungsa dipadhakake nggusah kewan.

Druwajaya : Êmpun, atos diwangsuli atos ngatên mawon!

Sêtyaki : Aku gênti takon, mara ngakua, yèn sira gêgamaning ratu ngêndi prajamu sapa aranmu?

--- 38 ---

Kalarudragsa : Êlo ngêndêl-êndêlake, ditakoni durung sumaur ganti têtakon.

Sêtyaki : Apa abamu! Iki ana nagara-nagaraku dhewe!

Kalarudragsa : We la gêdhe prayitnane wong iki, mapan wangsulane. Ya lumuh kêsosor basamu. Mangêrtia. Iki gêgamaning Nata Giripurba Prabu Purbaningrat, andêl-andêl gêgêdhug senapati, mantri wisesa njêro Kalarudragsa aranku. Balik takon ngakua!

Sêtyaki : Yèn takon aku, iki bêbarisan praja Dwarawati, kèsède gustiku Sri Bathara Krêsna, satriya Swalabumi Arya Sêtyaki jênêngku.

Kalarudragsa : Wadhuh-wadhuh ana mantri wisesa nindhihi bêbarisan isih diungkuli!

Kalasumbaga : Sing têngah iku sapa, apa pangkatmu?

Udawa : Aku prajurit minggiran, Patih Udawa aranku.

Kalasumbaga : We la dudu rasane. Patih ngaku prajurit minggiran. Kowe ora takon aku!

Udawa : Arêp marêmake jênêng mamèrna!

Kalasumbaga : Babo-babo mundur wirang maju wirang. Tak sêngguh padha ora bisa rêmbugan, ndêlêng wandane padha klelar-klèlèr kaya ora kolu tajin. Aku patih njaba Kalasumbaga.

Druwajaya : Kuwi sing mburi dhewe karo ngarêpe sapa?

Carangpênigas: Aku Tumênggung Carangpênigas, dene sandhingku iki ...

Anglêngsênut : (kalihan nyablèk Carangpênigas) Es aja kok kandhani. Kawit mau sing dipênthêlêngi mung aku wae kok.

Druwajaya : Ayo ha ha ha, ngapa grêmêng-grêmêng kuwi ngakua! Lha, ha, ha, hu, hu, huuuuu, e mêngko yèn ana kalodhangan tak cêkêle kuwi ha ha ha. Kêna kacêkêl tak gawa nyang nagara digolèkake dhuwit kanggo tontonan, hu ha ha. Wong rupa kok kaya gênthong dibêbêti. Irunge malang-malang kaya thukulan sênthe, ayo ngaku tak takoni.

Anglêngsênut: Ora sudi caturan.

Druwajaya : E he he he. Ya. Titènana mêngko mangsa liyoa!

Sêtyaki : Kalarudragsa. Sira ngirid wadyabala nganggo gêlar sêpapan mlêbu marang tlatah Dwarawati apa sêdyanira?

Kalarudragsa : Mangêrtia, Dwarawati mung tak silih kanggo dalan, aku arêp marang praja Ngamarta.

Sêtyaki : Apa sêdyanira marang Ngamarta?

Kalarudragsa : Dudu urusane Sêtyaki, sira ora pêrlu takon. Lilanana nêgaramu ndak anggo liwat.

--- 39 ---

Sêtyaki : Yèn kêkarêpanmu sinandi, aku nyamarake lakumu. Ora kêna kowe ngambah laladan Dwarawati.

Dipun singgêt ada-ada mataraman jugag (wiwit sêrêng).

Kalarudragsa : Êlo, dudu padon. Wani ngalang-alangi lakune gêgaman Giripurba. Babo-babo!

Sêtyaki : Babo arêp apa!

Kalarudragsa : We lha kêndêl wong iki. Ora awèh liwat, aku mbacut.

Sêtyaki : Prajurit Dwarawati saguh mbêndhung mbalèkake lakune prajurit Giripura.

Kalarudragsa : Kêlakon ana prajurit ndak babati nganggo pêdhang.

Sêtyaki : Yèn pancèn rumangsa kêduga cobanên!

Kalarudragsa : Wani karo aku.

Sêtyaki : Rangkêpa sayuta ngarsa, sakêthi wuri kêndhita mimang kadanga dewa, janji ora ilang ndak kèdhêpake ora wêgah aku ngajar dhapurmu.

Carangpanigas: Wadhuh-wadhuh, wadhuh. Ki patih! Ngabangakên kuping rêmbuge wong iki. Sêtyaki, kaya lanang dhewe.

Sêtyaki : Ana mburi papanmu, nyaru-nyaru wuwus. Ana paran.

Carangpênigas: Kèh-kèhing ngakèh kêpêthuk wong kaya aku iki singkirana. Randha bojomu tan kandhani. Iki lo gambare wong sêkti mandraguna sugih dhêsti guna paranti, ngèlmu têlêsan nyawa rangkêpan ngêndêlake ilmu kasantikan kanuragan, wulêding kulit atosing balung rapêting ludira. Otot kawat balung wêsi sumsum gêgala kulit têmbaga, kringêtku we ... aspal. Iki wong gawat kêliwat-liwat, manggan mara tangan cêngkiling nyang tabokan, trêngginas nyang jotosan. Wong ...

Udawa : Babo-babo. Sumbare kaya nugêl-nugêlna wêsi gligên. Ora susah kakehan wuwus, mara dikapara ngarsa!

Carangpênigas: Êlo nugêl rêmbug. Apa kira-kira kêduga ngêmbari krodhaku.

Udawa : wis Kaya ngene ndadak ditari. Jotosên mêsthi malese.

Kalarudragsa : Padha ora kêna ginawe bêcik, padha golèka mungsuh-mungsuh dhewe-dhewe! Sêtyaki. Sida kok tutugake karêpmu?

Sêtyaki : Apa abamu, dhasar wis tak ujuti.

Kalarudragsa : Sing prayitna dingati-ati. Gandhèng kunca kantaran bau karo aku, kêlimpe, têbak dhadhamu ora sigar mrapat, tak guroni Sêtyaki.

Sêtyaki : Cobanên! Ana prajurit mulih aran, aja takon dosamu.

--- 40 ---

Ndhodhog kothak rangkêp x7, lajêng irama x5 gangsa mungêl prang sanga. Pêrang: Carangpênigas mêngsah Udawa, Carangpênigas kawon. Kalasumbaga bêbantu, ugi kawon.

Candhakan : Tumênggung Anglêngsênut dipun tutakên Tumênggung Druwajaya. Gangsa suwuk, mbotên tancêp, tanpa pathêtan.

Ginêm:

Druwajaya : Ayo nyang êndi paranmu ndak tutake.

Anglêngsênut : Ora kok nganti risi, kawit mau kok mung aku ... uu bae ta ya sing diincim manungsa iki. Pêthuk we lagi iki kok ngêtutake. Apa ngene iki sing diarani cinta pertama kuwi. Kapêthuk gapruk kok têrus kanthil-kanthil, nganti ...

Druwajaya : Hus, grêmang-grêmêng, omong apa kowe?

Anglêngsênut : Sak sirku ta! Rêmbugana, grêmang-grêmênga oraa ènèng apa ta? Kok dahwèn! Ngurusi urusaning liyan. Bagus yèn bagusa! Ngêtutake uwong, ora digaple nekat. Huh ora idhêp isin!

Druwajaya : I ha ha ha ha. Rada miring wong iki. Mèmpêr karo wandane, sirahe kaya bonggol gêdhang, lambene hi hi hi, ha ha ha! Mripate, kelor-kelor mêndêlo kaya keong diklokopi, untune kaya ...

Anglêngsênut (kalihan tancêp): Cêp! Mênêng! Ngênyèk ya ngênyèk ning ngèngèh-èngèh wong kok ...

Druwajaya (tancêp): Wong kok apa ...! Ayo ngajak apa lêgane atiku. Wangune arêp nêsu. Nêsua!

Anglêngsênut : Ora mas! Kawit mau kok mung ngêtutake akuuu wae ki ya ana apa jane kuwi?

Druwajaya : E he he he, ha ha ha ...

Anglêngsênut : Sêtop, sêtop, sêtop ngguyu kok ora êntèk-êntèk. Ingatase têpung we durung. Apa ora isin! Mungguhing kasusilan ngono iku asor.

Druwajaya : Ya wis mula sakarêpmu. Anggêr isih cêdhak aku wau. Ora sida ana punggawa mulih aran, kowe.

Anglêngsênut : E e gênahe ngaja pêrang ta iki. Sapa jênêngmu? Ngêndi omahmu, anakmu pira?

Druwajaya : Prêkara omah lan anak dudu urusanmu. Jênêngku Tumênggung Druwajaya Gênjik.

Anglêngsênut : E Druwajaya Gênjik.

Druwajaya : Gênjike kanggo kowe. Bèbèk. Ayo ngakua tak takoni sapa jênêngmu?

Anglêngsênut : Takon wong kaya aku, golèkna wong sajagad mangsa gênêpa loro. Ya iki tumênggung dhug dhug samaladhug, ora têdhas gludhug, wong brêgas gaweane ...

--- 41 ---

Druwajaya : Golèk pêcahan gêlas ha ha ha ...!

Anglêngsênut : Ngênyèk kuwi jênênge.

Druwajaya : Ngakua.

Anglêngsênut : Jênèh nyêla-nyêla bae. Anglêngsênut aku.

Druwajaya : E huhu hi. Anglêngsênut, layak mênthêng-mênthêng kaya udun arêp mêcah. Ayo! Wani karo aku kowe Nut.

Anglêngsênut : Ah kok mung Nut! Sing gênêp!

Druwajaya : Ayo. Wani karo aku apa ora. Ora wani tak patèni. Wani tak patèni.

Anglêngsênut : Ngêndêl-ngêndêlake ya wong iki. Didakwa wêdi karo wong wandane kaya irus ilang garane ngono.

Druwajaya : E lha isa ngênyèk rekane, ra sida tak rêmêt-rêmêt sirahmu, tak cêklèk-cêklèk tanganmu, tak kilèni irungmu, tak slomoti udêlmu, tak ...

Anglêngsênut (nyorohakên): Nyoh patènana. Athik arêp rêmbugan we ora kêduman sumbar.

Druwajaya : Yoh, ndak idak-idak ora sida mêcèdhèl aja takon dosa.

Anglêngsênut : Anggêr ora kok patangatusi ngono we mangsa mênanga karo aku.

Ndhondhog kothak rangkêp marambah-rambah gangsa srêpêgan.

Druwaja pêrang kalihan Anglêngsênut, Anglêngsênut kawon. Kalarudragsa majêng dipun pêthukakên Sêtyaki, pêrang Kalarudragsa kawon angunduri Sêtyaki mêdal dumugi têngah-têngah mandhêg, kalihan dipun kombangi "O..." gangsa dados ayak-ayakan. Sêtyaki ulat-ulatan kalihan wicantên, gangsa sirêpan.

Hèh bocah prajurit Dwarawati, apa isih ana mungsuh kang bandakalani?

Prajurit (namung suwantên): Nuwun gusti arya, sadaya mêngsah sampun sami lumajar, kathah ingkang sami nandhang kabranan!

Sêtyaki : Mara kancamu bocah prajurit kabèh padha ngasoa!

Prajurit : Nuwun inggih dhatêng sêndika!

Dipun kombangi "O..." gangsa mantun sirêpan, Sêtyaki kaundur, kayon katancêpakên ing têngah dhoyong manêngên. Ayak-ayakan dipun suwuk lajêng dipun suluki: pathêt 6 jugag kados tuladha kaca 12 (awit punika dèrèng badhe malik pathêt 9, nanging bilih sakintên wanci jam 12 dalu utawi langkung sagêd lajêng mawi pathêt 9 dipun wiwiti mawi pathêt lindur kados tuladha kaca 46. Lajêng kacariyosakên.

"Kocap kacarita rame solahira kang samya rok bandawala pati, diya-diniya silih-ungkih, rêbut unggul.

Kathah kang samya nandhang kanin. Kusuting yuda prajurit Giripurba tan kuwawi nyêmbadani pamukira Risang Wrêsniwira lawan Ki Patih Udawa. Èngêt rusaking bala lamun dèn têrusna, datan katalompèn sang mantri wisesa Kalarudragsa gya ngunduri jurit

--- 42 ---

sarwi andhawuhakên nyimpang marga. Enggaring tyas Risang Singamulangjaya sigra dhawuh angukuti yuda, nggêlar pakuwon minangka palêrêman. Ing salonggarira arsa nêrusakên lampah mring praja Ngamarta, sinambi nata pajagan.

Sinigêg kang prayitnèng wèsthi, kocap kacarita nalika samana ora kaya ing praja Ngastina, Sri Nata Duryudana kêtamuwan ingkang rama marasêpuh Nata Mandraka, miwah Nata Mandura Prabu Baladewa. Pêpak para kadang wandawa ingkang samya sumewa kadi arsa angumpulakên kawiradya."

Sasmita nêdha gêndhing "Bujangga" lajêng ndhodhog kothak "dhêro-dhog" mungêl gêndhing Bujangga Sld. Pt. 6.

Kayon kabêdhol katancêbakên ing papanipun.

Ringgit ingkang mêdal: Prabu Duryudana sisih têngên. Sêngkuni sawingkingipun Duryudana, lajêng Pêndhita Drona sangajêngipun Sêngkuni. Rêsi Bisma tancêp ing kiwa, wingkingipun Prabu Salya Baladewa lajêng Narpati Basukarna.

Gangsa kasêsêgakên lajêng kasigêg (dhe-ro-dhog) sirêpan lajêng jantur:

"Anênggih gantya winursita, nunggal lakone seje caritane. Punika warnane praja ing Astina ya Gajahoya. Nêgara panjang punjung pasir wukir gêmah ripah karta tur raharja, nêgara padhang jagade dhuwur kukuse adoh kuncarane. Jêmbar jajahane, datan ngamungakên tanah Jawi kewala nanging sanadyan tanah sabrang kathah ingkang samya ngayom labêt kayungyun ing pêpoyanging kautaman. Para narapraja padha bijaksana limpating kawruh awit kaprabawan kang ngasta pusaraning adil. Sintên ta jêjuluking narendra, Sri Mahaprabu Duryudana, Kurupati, Jakapitana ya Anggêndarisuta. Ratu bèr budi bawa lêksana dhasar abanda-bandu miwah ambêg adil paramarta. Nalika samana sri narpati miyos siniwaka nyakêtakên sowanira ingkang paman Patih Arya Sêngkuni lawan pandhitaning praja bêgawan ing Sokalima Dhahyang Drona miwah senapatining prajurit Nata Ngawangga, Narpati Basukarna.

Kocap kacarita dèrèng ngantos imbal wacana sang prabu, kasaru praptanira ingkang eyang pandhita ing Talkandha Rêsi Bisma. Sêsarêngan lampahira lawan Nata Mandraka Prabu Salya lawan Nata Mandura Sri Kusumawalikita ya Prabu Baladewa.

Têka kaya mangkana panglocitaning wardaya Prabu Duryudana ingkang dèrèng kawijil ing lesan."

Satêlasing janturan dipun kombangi "O...," manut iramaning gangsa. Gangsa mantun sirêpan. Watawis 3 gongan kasêsêgakên, lajêng suwuk. Dipun suluki pathêt 6 wantah kados tuladha kaca 17.

Lajêng ginêm:

Duryudana : Nuwun dèrèng dangu rawuhipun kangjêng eyang ing Talkandha mugi kêsêkecakakên lênggah.

--- 43 ---

Bisma : I i i, ya jagad dewa bathara. Iya putu prabu kaya ora kurang prayoga, lungguhku ana ngarsanta nata.

Duryudana : Kangjêng eyang inggih. Ing samangke kangjêng rama Prabu Mandraka, sarawuhipun paduka kula ngaturakên panakrama.

Salya : O inggih anggèr anak prabu panakramanipun anak prabu dahat kawula tampi, pangèstuning pun bapa mugi katampia!

Duryudana : Kangjêng rama prabu inggih.
Kaka Prabu Mandura saha kaka Prabu Karna, mugi kasêkecakakên pinarak!

Baladewa : Inggih yayi, sih pambagening yayi prabu kawula tampi, datan kirang prayogi pinarak kula ing ngarsanta yayi.

Basukarna : Nuwun inggih yayi prabu datan kirang prayogi pisowan kula.

Duryudana : Nuwun, radi andadosakên kagyating manah, rawuhipun para pêpundhèn ing Ngastina sajak mêngku wigati?

Bisma : Jagad dewa bathara ya wayah bathara jagad. Layak bae lamun mangkonoa. Satêmêne iki mau dhapur kêbênêran. Lagi bae kangjêng eyang mudhun saka pêrtapan, kêpapag karo anak Prabu Salya sêkalihan lawan putu Prabu Mandura kang arêp têtinjo pun eyang. Ya kaya ngapa bombonging atiku kerawuhan putra wayah raja sêkalihan. Nanging gandhèng pun eyang ingatase pêndhita linggar saka pratapan, ing mangka ênêring sêdya arsa tinjo ing Ngastina, karêpku arêp dak aturi pinarak ing prêtapan, nanging wusanane anak Prabu Salya lan putu Prabu Mandura malah mrayogakake lamun bêbarêngan pisan marang Ngastina, ya malah tiwas kêbênêran, dene kabèh kêcukupan kabutuhane, wah ngono pun eyang ya ora sida njangkar sirik ambatalake karêp lêlungan bali ndalan.

Duryudana : Wadhuh punika nami nêmbe bêgja kawula, dèrèng kemawon kula utusan sowan ngêrsanipun eyang, malah eyang sampun rawuh ing praja.

Bisma : Êlo! Gèk ana pêrlu apa bae putu prabu.

Duryudana : Walèh-walèh punapa, sajatosipun ngèngingi ruwêt-rêntênging praja. Kawuningana! Nêmbe-nêmbe punika kula angsal kintaka panantang saking nagari Giripurba utusanipun Prabu Purbaningrat, ingkang suraosipun badhe nêluk-nêlukakên para ratu saindênging jagat. Mila kula kapurih nungkul. Dhuh kangjêng eyang mangka kawontênaning praja nêmbe risak. Kawula tani sami kagegeran labêt risaking tanêm tuwuh tuwin kathah pasulayan ing saênggèn-ênggèn.

Bisma : I i i i i! Anak Prabu Salya! Pênjênêngan mirêng piyambak pangandikanipun putu Prabu Duryudana, mbotên

--- 44 ---

siwah kalihan ngêndika panjênêngan duk ing nguni nalika wontên margi, ugi putu Prabu Balarama.

Salya : Nuwun inggih bapa, mênawi makatên têmtunipun kaanan ngatên punika mbotên namung Mandraka Ngastina lan Mandura kemawon.

Baladewa : Pancèn kaluhuran pangandikanipun rama prabu. Amargi nalika wontên margi kula mirêng pawartos mênawi yayi Prabu Krêsna wêkdal punika ugi dhatêng Ngamarta sapêrlu ngrêmbag bab laladan ingkang kados makatên punika wau.

Duryudana : Dhuh kangjêng rama Prabu Mandraka punapadene kaka Prabu Madura, lajêng badhe kadospundi kêrsa paduka sami. Yêktinipun kula sampun katêlasan akal.
Dalah paman Panêmbahan Sokalima punapa sampun mbotên kirang-kirang pambudidayanipun nanging cabar datanpa damêl.

Salya : Anak prabu, nitik kawontênan-kawontênan ingkang kados makatên punika, saking pamanggih kula, mugi anak prabu kêrsaa pasrah sarana dhumatêng panjênênganipun ingkang minulya Maharêsi Warabisma.

Duryudana : Kangjêng rama inggih. Dhuh mangke kangjêng eyang ing Talkadha.[3] Sarèhning kangjêng eyang piyambak sampun pirsa saha midhangêt mênggah prêkawis punika, ing mangke kula ngaturakên bodho baliluning manah kula, sumangga eyang kadospundi iguh pratikêl paduka.

Bisma : Putu Prabu Duryudana lan kabèh para nata kang padha ana ing kene. Sêjatine eyang dhewe ya durung waskitha ing pandulu. Ewadene rèhne kêpêpêting têmpuh ya coba ndak tontone.

Kasinggêt dhodhogan "dhê-ro-dhog".

Bisma : Miturut ancêr-ancêr kang tuwuh saka ing pamawas duk nalika jagad wiwit gumêlar sadurunge ana titah, ana dewa têlu kang diwajibake dening ingkang Maha Kuwasa mêngku jêjibahan wigati. Dene dewa têlu iku mau siji awasta Bathara Manik ya Bathara Manikmaya kang kinawasa angratoni jagad katêlu. Loro Bathara Teja iya Bathara Tejamantri, tinurunake ing ngarcapada kinawasa momong kang sarwa angkara. Têlu Bathara Maya ya Bathara Ismaya uga tinurunake ing Ngarcapada, kinawasa dadi pamomonging tumuwuh. Iku laras-laras ringkês minangka ancêr-ancêr pancadaning rêmbugku. Dadi têrange kang dadi pamonging tumuwuh iku ora ana liya kacaba[4] Bathara Manikmaya iya Jangganasmara iya Ki Lurah Sêmar. Mangka miturut ujaring pawarta dinane mêngko kyaine Badranaya lagi linggar saka ing praja pêrlu amartapa ana ing pucaking wukir Pujangkara. Dadi

--- 45 ---

ora aran mokal manawa kaanan ing wêktu mêngko dadi kisruh kaya ngene. Mula kaki prabu saka pamawasku ora susah ditumbali lan disarengati, waton Kyai Badranaya gêlêm bali marang praja, mêsthi kaanan iki bisa purnajati pulih kaya wingi uni. Mula kaki prabu, saka pamrayogaku udinên kanthi ngêtok pambudi baline si kakang Badranaya marang ing praja, sukur, bage gêlêm bali marang praja Ngastina, mung iku kulup pratikêlku.

Duryudana : Kangjêng eyang inggih. Samangke kadosa pundi karsanipun kangjêng rama Prabu Salya miwah kaka Prabu Baladewa, rèhning sampun midhangêt piyambak sabdanipun kangjêng eyang.

Salya : Anak Prabu Kurupati. Kaluhuran dhawuh pangandikanipun kangjêng rama Maharêsi Warabisma, pramila anak Prabu Kurupati kemawon mugi enggala utusan ngaturi wangsul pun Badranaya!

Duryudana : Rama prabu inggih! Mangke ta kakang Narpati Basukarna.

Karna : Nuwun wontên dhawuh ingkang pêngandika yayi prabu kêrsa animbali raka nata ing Awangga!

Duryudana : Panjênêngan ugi sampun midhangêt piyambak sabdanipun kangjêng eyang ing Talkandha, wosing rêmbag panjênêngan kula piji supados tindak dhatêng ing pucaking wukir Pujangkara, sapêrlu amboyongi kakang Badranaya kêrsaa kondur dhumatêng praja Ngastina. Katimbang ambêcècèr lampah, panjênêngan kula pasrahi purba wasesa dados duta kinawasa anganthia para kadang dalah paman Patih Arya Sêngkuni minangka têtimbangan paduka bilih manggih pakèwêd, saha anganthia prajurit sakêparêng paduka sumangga.

Karna : Sampun têrang dhawuh paduka yayi prabu kêparênga kula mêdal pasilan saha nyuwun tambahing pangèstu.

Duryudana : Nuwun inggih kakang adipati ndhèrèkakên basuki.

Karna : Kangjêng eyang Warabisma, rama Prabu Salya, kaka Prabu Balarama, kula nyuwun pangèstu!

Bisma : Iya kaki prabu ndak pangèstoni!

Salya : Iya Suryaputra tak pêngèstoni mangsa bodhoa iguh pratikêlmu amrih kasêmbadane sêdya.

Baladewa : Inggih yayi ndhèrèkakên basuki!

Karna : Sumangga paman arya mêdal pasilan!

Sêngkuni : Mangga nggèr kula dhèrèkakên!

Ndhodhog kothak x7 lajêng nyêla irama x5, gangsa mungêl srêpêgan. Adipati Karna lan Sêngkuni bêdholan mêdal mangiwa, gangsa lajêng kasirêp.

--- 46 ---

Ginêm:

Duryudana : Sumangga para pêpundhèn sinambi angêntosi rawuhipun kakang Narapati Karna, kêrsaa pinarak ing salêbêting dhatulaya.

Bisma : Iya putu prabu ndak dhèrèkake!

Gangsa srêpêgan malih lajêng bêdholan, sadaya manêngên.

Candhakan ngêdalakên Kurawa: Citraksa, Kartamarma, Aswatama, Dursasana, Jayadrata, Karna, Sêngkuni kasolahakên urut-urutan kalampahakên mangiwa kapêtha bêdholan sarambahan-sarambahan. Lajêng kayon katancêbakên ing têngah dhoyong manêngên.

Gangsa suwuk dipun suluki: pathêt lindur.

222222
Nêm-bangtê-nga-ramun-
x1x.x2x1x6x2x1x.x2x1xyx5x.x.x.x.222
durO...O...Sa-wa-dya-
22x1x.x23x5x.x63
nenê-dyakon-durmring
5x5x.x32x2x.x3x.x522
jro-puraWa-ra-yapra-
x2x.x1xyx.xtx!x.x.x.x@x.x1x6x.x5x.x3!!
go-saO...O...sa-mya
!!!x6x.x!@.x!x6x.x5x3x2x.x3x5x62
a-ma-ri-giO...kang
222x2x.x1x2x.x1xyx5x.x.x.
ka-tra-janggi-gir-O...
2222x1x.x23
ri-raka-ro-waksang
x5x.x63x5x.x32x2x.x3x.x5x2x.x3x.x5
sa-yasa-ngêtyala-
22x2x.x1x6x.x5x6x.x.x.x1x.x2
yu-ningba-laO...ka-
2222x1x.x2x1x.x2x1xyx.xtxe
dyarê-butdhu-cungO...

Lajêng kacariyosakên:

"Kocap kacarita rame bidhaling prajurit Ngastina miwah para kadang Kurawa ingkang katindhihan dening Narpati Basukarna saka nayaka waktra Arya Sêngkuni, sumêngka ing wukir Pujangkara arsa amboyong Kyai Badranaya.

Ginêlak lampahing pabarisan, rahayu datan manggih sakara-kara.

Kacarita nalika samana kasaput ing ratri lampahira wus ngancik tapis iringing praja. Kandhêg lampahing jurit sigra yasa pakuwon angasokakên sarira ana sangandhaping mandira jajar sanga."

Ndhodhog kothak sêpisan sasmita laras malih pathêt 9.

Kayon kabêdhol lajêng kajêjêgakên tancêp ing gêdêbog nginggil.

Dipun suluki pathêt 9 wantah.

--- 47 ---

222222
Sang-sa-yada-lu-a-
222222
ra-rasa-byorkanglin-
222x2x.x111
tangku-mê-dhaptitiso-
111111
nyatê-ngahwê-ngilu-
111111
mranggan-da-ningpus-pi-
xyx.x1x2x.x.x.x.2222
taO...ka-rêng-wa-ning
22x2x.x35x!x.x.x.x.2
pu-ja-ni-raO...sang
22222x2x.x3
dwi-jawa-rabrê-ngê-
yx2x.x11111
nênglirswa-ra-ningma-
11xyx.x1x2x.x1xyx.x1xyxt
dubran-taO...

 


Kalarudragsa. (kembali)
praja. (kembali)
Talkandha. (kembali)
kajaba. (kembali)