Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100)

Judul
Sambungan
1. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 001–022). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 022–047). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 047–075). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
4. Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 29-03-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kacariyosakên:

Lêpas lampahira para putra-putra Pandhawa, sinigêg ganti ta kocapa ora kaya kang ana pucaking wukir Pujangkara. Ki Lurah Badranaya mêsu sêmadi kalamun cinandra kadi surêming kawi mudha.

Mungêl gêndhing bijanggaanom.[1]

Sêmar tancêp, dipun angkah mêdalipun sarêng kalihan mbêdhol kayon. Lajêng kayon katancêbakên ngaling-alingi bokongipun Sêmar. Mênawi sampun gangsa kasirêp lajêng njantur:

"Punika ta warnanira ing pucaking wukir Pujangkara. Wukir Pujangkara tuhu wukir wingit kêpati-pati gawat kêliwat-liwat. Ora ana pratapan ora ana janma kang kawawa manggon ing wukir Pujangkara, labêt kathah pra drubiksa bisaca[2] ilu-ilu banaspati lan sakathahing lêlêmbat kang suka gêndhak sikara. Muhung kewan galak kang mangsa daging myang sato mawa wisa mandi kang kuwawa urip ana wukir Pujangkara. Kalamun mangsa katiga panas kadya kobong-kobonga, mangsaning rêndhêng dadi ulêganing barat lesus myang blêdhèg kang nggêgirisi. Suwara pating galero pating galêrêng ndrênginging akarya mirising kang samya nupiksa.

Nênggih wus sawatara mangsa wukir Pujangkara dadya sirêp tidhêm prêmanêm datan ana sabawa. Yèn dalu ndaru pating clorot sumusuping pucak ing wukir. Kalamun dèn waspadakna tuhu ana cahya ngênguwung, katitik ing pucaking wukir ana titah linuwih kang amara tapa.

Sintên ta titah ingkang kawasa nyirêp wukir Pujangkara, amung sajuga, inggih punika pamonging tumuwuh Kyai Lurah Badranaya Nayaantaka inggih Janggan Sêmarasanta, inggih Kyai Lurah Sêmar.

Badra-wulan, naya ulat, sinawang pasuryane Kyai Badranaya kaya wulan purnamasidi. Nayantaka. Naya ulat antaka pati pasêmone Kyai Nayantaka kaya wangkawa katawêng mega. Kyai Lurah Sêmar, dene wujude sarwa samar. Winastan priya nanging kopèke sakilan, wanitoa tuhu bêbrengosan.

Datan dumèh ala tanpa rupa, sêjatine punika dewa pêngawak manungsa minangka pamonging satriya rêksakaning jagad sayêktine Ki Lurah Sêmar tuhu Sang Hyang Ismaya, kang kinawasakakên ing

--- 76 ---

Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100): Citra 1 dari 2
ING WUKIR PUJANGKARA

Kyai Lurah Badranaya nampi dhatêngipun R. Angkawijaya, R. Samba lan R. Gathutkaca.

--- 77 ---

pêpêsthèn tanpa ngrame namur kula, dadya pamonging tumuwuh amung ngrêksa rahayuning jagad. Lamun Ki Lurah Sêmar niyata mukti wibawa, amung sakêdhèp netra mêsthi kasêmbadan, sanadyan Hyang Jagadgirinata datan kuwawa mambêngana.

Kacarita nalika samana Ki Lurah Badranaya gêmpung ing pênggalih andulu bakal saya rusak tataning ngaurip. Para raja samya supe wajibing ratu, para satriya samya selak marang wajibing satriya. Dalasan para brahmana rêsi samya nyingkur kasutapanira. Amung kêpambêng melik marang gêbyaring brana, sugih melik ingkang ingalingan ing gêlar. Para suci samya buntu sucine, pinulas katon putih njabane nanging sêjatine abang jêrone.

Kagyating pênggalih Ki Lurah Badranaya, miyarsa sabawaning janma, samana praptanira para sinoman Pandhawa. Têka kaya mangkana pangudasmaraning driya ingkang dèrèng kawijil ing lesan!"

Nggêdhog kothak sêpisan gangsa mantun sirêpan: Abimanyu mêdal saking kiwa, mêndhak badhe nyêmbah, Sêmar ugi muruk têrus ngrangkul binêkta tancêp lajêng kasusul dhatêngipun Samba, Gathutkaca lan Sêtyaki, Garèng Petruk lan Bagong. Sawêtawis gangsa kasêsêgakên lajêng suwuk. Dipun suluki pathêt manyura ngêlik.

x@x@x@x@x@x!x.x@x#x.x@x.x!x6x!x.x@x#!!!
O...O...ku-wung-ku-wung
!!!!x!x.x@x#x@x.x!
rê-rê-mawi-lêt-ing
x@x!x6x.x5x.366666
O...ngam-ba-raa-ni-
66x5x.x62x1x6x.x5x3x3x.x5x66
la-ni-laO...ja-la-
66666x5x6
da-rangê-muu-dan
22222x1x.x2
ra-wi-ra-wipra-ba
x3x3x3x3x3333x3x.x5x66
O...ka-lang-anmak-sih
x@x@x@x@x@33333.52
O...ka-tonwi-se-sa-
x2x.x1x3x.x22222
ninga-na-ni-rasang
221x3x2x1x.x2x1xy11
u-ja-laO...a-na-
11111x6x.x1
ni-rasangu-ja-la
x2x.x1xyx.xtx.xe
O...

Ginêm:

Abimanyu : Siwa Badranaya, baya siwa wus lali karo aku murca nganti nilar padhukuhan tanpa cêcala. Mara wa Badranaya tutura lamun wus ora gêlêm momong aku!

--- 78 ---

Sêmar : E e e lae-lae. Blêgêduwêg saugêg-ugêg sadulita êmêl. Ampun sampeyan kalara-lara èntên ngarêp kula dèn!

Abimanyu : Yèn mangkono mara sajarwaa apa kaluputanku dene siwa Badranaya tega ninggal aku.

Bagong : Iya ta Mar Sêmar tutura, kowe lunga saka praja apa arêp nglungani potongan blanjamu sing kok bon, biyèn ta Mar – Sêmar, yèn ngono balèkna sarungku sing ilang kok gawa kuwi.

Petruk : Gong kowe durung tau dibungkêm nganggo watu ta Gong. Bocah thik clometan. Kakèkne kae wangune lagi susah aja gluwehan kaya ngono. Kok nagih sarung barang apa sarungmu ilang?

Bagong : Iya ki barêng Sêmar lunga kae sarungku ilang.

Petruk : Sing êndi! Gajêge sajêgmu urip urung tau salin!

Bagong : Wis wae, kae lo kang lorodane kae, sing abang!

Petruk : Uh sarung kaya ngana we sing gêlêm sapa. Gondhol asu kuwi sing cêtha!

Bagong : Apa iya ta! Wong dhèk anu kae ènèng kirik kêrah ènèng nglongan ambèn, barêng tak gusah nggondhol abang-abang.

Petruk : Ya kuwi! Apa ora kok oyak?

Bagon : Tak oyak, aku tiba klumah kêjêgur kalèn, ajaa ènèng cah angon liwat sêdina muput ijih ngathang-ngathang aku.

Ndhodhok kothak kangge singgêtan lajêng ginêm:

Sêmar : Mangke ta radèn, sampeyan lênggah riyin sing kêpenak mêngke kula jarwani.

Dipun kombangi "O..." Abimanyu kaundur tancêp sangajênging Gathutkaca.

Ginêm:

Sêmar : Sadèrènge kula mbagèkake riyin, Radèn Samba, ndara Gathutkaca lan ndara Sêtyaki sami raharja rawuh paduka.

Samba : Iya wa Sêmar padha raharja têkaku.

Gathutkaca : Iya kakang Badranaya padha bêcik satêkaku.

Sêtyaki : Sêmono uga aku uga ora kurang sawiji apa.

Sêmar : Kuwi bocah-bocah padha slamêt têkamu Garèng, Petruk Bagong!

Garèng, Petruk, Bagong: Iya ma. Iya ma. Iya pak.

Sêmar : R. Abimanyu wontên kêrsane napa sampeyan kusung-kusung munggah têng wukir Pujangkara dèn?

Abimanyu : Aku ngêmban dhawuh timbalane para pêpundhèn dikakake mboyongi wa Badranaya, supaya kêrsa bali marang praja.

Sêmar : E e e, niku kêrsane para momongan kula para Pêndhawa! Samang matur mawon, yèn kula têsih ajêng lèrèn riyin

--- 79 ---

èntên ngriki, sesuk-esuk mriku yèn pun lodhang ati kula mbotên susah dipêthak-pêthuk, kula mêsthi bali dhewe.

Samba : Ora wa Badranaya. Yèn pancèn siwa Badranaya ora kêrsa bali aku kabèh ya ora mêksa. Nanging dunungna dhisik, apa kaluputane para-para iku kabèh dene wa Badranaya sajak mêngku duka linggare saka padhukuhan!

Sêmar : E e e ênggih-ênggih. Pancèn èntên sêbabe kula nganti lunga niki. Nanging niki dèrèng wêktune kula têrangke! Êlo sapa rantap-rantap kae mangga, sampeyan sami pindhah têng mriki sajake nika èntên dhayoh malih.

Ndhodhog kothak rangkêp, gangsa mungêl srêpêgan. Abimanyu, Samba, Gathutkaca, Sêtyaki, Garèng Petruk lan Bagong sami pindhah sawingkingipun Sêmar gangsa kapathêt (sirêpan) lajêng ginêm, namung suwantên:

Karna : Paman, paman patih! Mbotên klèntu malih punika sajakipun papanipun kakang Badranaya.

Sêngkuni : Mangga nggèr kalajêngakên tindakipun kula dhèrèkakên! Ayo nggèr cah Kurawa!

Gangsa mantun sirêpan. Sêmar kadamêla kados ulat-ulat lajêng Adipati Karna dhatêng, tabik Karna, tancêp malangkêrik. Kasusul Sêngkuni, Dursasana, Jayajatra, Kartamarma lan Aswatama, sadaya malangkêrik.

Gangsa kasuwuk lajêng dipun suluki ada-ada grêgêt sautmanyura.

!!!!!!
Tan-dyaba-laPan-dha-
!!!!!!
wabyukgu-mu-lungma-
!x6x.x!x3x5x6666
ngu-sirringSa-ta-ku-
6x5x.x6x#x#x#x#x#@@@
ra-waO...kam-bahkong-
@@@x@x.x!62
kihsru-ka-ti-tihmi-
222 2222
rutla-rutka-tutpa-
22x1x.x2333
rara-tutu-winsa-
333x3x.x21x2x2x2x2x2
gungpradi-pa-tiO...

Ginêm:

Sêmar : E e e. Kula waspadakake kados para tuwangga Astina. Dèn sami raharja prapta paduka!

Karna : Iya-iya kakang Badranaya. Aku atas namane para kadang-kadang Kurawa iki, padha raharja satêkaku!

Sêmar : Wontên kêrsa punapa dene paduka sami kêrsa rawuh ing wukir Pujangkara!

Karna : Iya kakang Badranaya. Katimbang kêdawa gunêm tak cêkak bae, satêmêne têtaku arêp têtinjo kakang Badranaya, lan arêp martakake apa darunane dene kakang Badranaya linggar saka praja. Mangka wiwit salinggare si kakang Badranaya kaanane kabèh nêgara dadi rusak akèh rêrêtu. Coba kakang sajarwaa!

--- 80 ---

Sêmar : E e e lae hèh sadulita êmêl! Kula linggar saking praja pancèn ontên sêbab-sêbab ananging dèrèng mangsane kula wêdhar!

Karna : O mangkono! Apa kira-kira si kakang disiya-siya ana ing Amarta, apa ora kopèn? Kalamun mangkono bêcik si kakang ayo tak boyong marang Ngastina, muktia wibawa ana kana!

Sêmar : Kangge kula Astina napa Ngamarta, nata Wiratha, Kumbina, Dwarawati, Mandura napa pundi sami mawon! Pundi nêgara sing kêpulungan wahyu jatmika mêsthi kula tunggoni!
Nanging wêkdal punika kula dèrèng karêp bali têng pundi-pundi.

Karna : Sêbabe?

Sêmar : Sêbabe kula mbotên sagêd matur, margi niku dede garapan sampeyan.

Karna : Paman Sêngkuni, sampeyan sêmêrêp napa paman?

Sêngkuni : Nika Abimanyu, Samba, Gathutkaca, Sêtyaki sami ontên mriki.

Karna : Saking panêmu jêngandika pripun paman bab pamopone kakang Badranaya niki.

Sêngkuni : Mêsthine mawon nika nggih ajêng mboyong Si Sêmar, mung mawon mênang dhisik, dadi Sêmar mêsthi nyaguhi Si Abimanyu sak kancane nika, mila wêgah têng Ngastina! Mula panjênêngan êndhakake karêpe Si Abimanyu!

Karna : Ênggih paman!
Tak sawang kaya kulup Abimanyu. Gathutkaca karo sêdulur-sêdulur Dwarawati.

Abimanyu : Pancèn kaluhuran pangandikanipun wa adipati.

Karna : Ana gawemu apa kulup têka kene?

Abimanyu : Inggih walèh-walèh punapa sêjatosipun kula dipun utus wa prabu Krêsna saha wa Prabu Darmakusuma ngaturi wangsul siwa Badranaya!

Karna : O ngono! Dadi kowe wis kandha karo kakang Badranaya, lan entuk kasaguhan apa?

Abimanyu : Dèrèng angsal kasaguhan punapa-punapa lajêng katungka rawuh paduka wa prabu.

Karna : Mokal! Aja goroh. Nyatane kakang Badranaya êmoh tak boyong marang Ngastina mêsthi wis nyaguhi kowe.

Abimanyu : Kula mbotên matur dora wa adipati. Mbok bilih panjênêngan kirang pitados kula aturi ndangu wa ...

Karna : Es ora ana gunane. Sing dadi wosing rêmbug mung kowe, Abimanyu! Kok wong Pêndhawa saiki wis rai gêdhèk ya! Ngêrtia, lungane kakang Sêmar saka praja kuwi mêsthi mbok siya-siya ora mbok gatèkake panguripane. Têka kowe ora idhêp isin ingatase wis dipuriki wong banjur kok balèni kok rih-rih supaya gêlêm bali. Ora isin kowe hêm? Kelingamu kakang Sêmar ki mung

--- 81 ---

yèn wong Pandhawa lagi dhong kêtaman, yèn lagi kêpenak malah disiya-siya? Ya apa ora?

Dipun suluki ada-ada grêgêt saut jugag.

222222
wi-ya-tala-rut-a
222222
sa-kyèh-ningkê-dagung
222233
ku-ruku-layèntan
3333x3x.x21
a-mu-tus-asangSri
x2x2x2x2x2
O ...

Abimanyu, Samba, Sêtyaki ndêngèngèk lajêng Sêtyaki tancêp têrus majêng, Karna ulat-ulatan.

Ginêm:

Sêtyaki : Lancang pangucap wong Ngastina ngêdol abar ora tolèh-tolèh lawan!

Karna : Êlo. Sêtyaki apa pangkatmu lan kuwasamu arêp nandhingi rêmbuge Adipati Karna!

Sêtyaki : Nadyan ora nganggo makutha Wrêsniwira ala-ala ya ratu Nglesanpura. Yèn Adipati Karna takon kuwasaku, wong papat, pitu karo panakawan iki wis sabaya pati, mati siji mati kabèh.

Karna : Ngungak krama kowe Sêtyaki!

Sêtyaki : Apa abamu, jaragan rêmbugmu kuwi kang gawe abanging kuping.

Karna : Yèn ngono têrang lamun kakang Badranaya iki mêsthi kok bujuk supaya gêlêm nyang Ngamarta?

Sêtyaki : Tak kandhanana apa bênêre, wong godhohe Adipati Karna dalasan Kurawa padha kêkandêlên gajih mêsthi ora bisa nampa kanthi bênêr.

Karna : Wadhuh dudu rasane. Kowe wong papat wolu karo layanganmu. Mêtua njaba yèn arêp nyoba ngrasakake tangane Adipati Karna!

Sêtyaki : Nadyan mung Sêtyaki loro karo layangane ora-orane yèn mlayu karo bêbathangmu.

Ndhodhog kothak rangkêp gangsa srêpêgan manyura, sadaya dipun bêdhol kaêntas mangiwa, namung Sêmar ingkang manêngên.

Aswatama mêdal saking kiwa dipun papagakên Abimanyu, tancêp, gangsa suwuk dipun suluki kados tuladha nginggil.

Ginêm:

Aswatama : Abimanyu aja mbok tutug-tutugake karêpmu, balia bae, apa ora wêdi karo aku. Aku iki anake gurune bapakmu. Bapakmu wae wêdi karo aku. Mula kowe aja wani-wani ...

--- 82 ---

Abimanyu : Dhêmên aja mêdèni bocah minggata!

Têlasing ginêm Abimanyu nyampluk rainipun Aswatama mawi gêndèripun dipun sarêngi kêprak nggantêr, gangsa sampak. Abimanyu pêrang kalihan Aswatama. Aswatama kawon Kartamarma bêbantu. Kartamarma kawon! Candhakan: mêdal Jayadrata saking kiwa dipun papagakên Sêtyaki, tancêp gangsa suwuk dipun suluki ada-ada grêgêt saut manyura.

!!!!!!
Tan-dyaba-laPan-dha
!!!!!!
wabyukgu-mu-lungma-
x^x.x1!x3x5x6666
ngun-sirring-Sa-ta-ku-
6x5x.x62222
ra-wakam-bahkong-kih
2221.233
sruka-ti-tihmi-rut
333333
la-rutka-tutpa-ra
x3x.x21x2x2x2x2x2
ra-tuO ...

Ginêm:

Jayadrata : Sêtyaki, mbok bacutake karêpmu.

Sêtyaki : Aku ora marai. Mula sakarêpmu tak ladèni.

Jayadrata : Gêdhe êndhase Sêtyaki wani karo Jayadrata!

Sêtyaki : Lali kowe kêparat arêp ngrabèkake Panêmbahan Drona, Sêtyaki ngadêg sayêmbara.

Jayadrata : Biyèn-biyèn saiki-saiki. Yèn isih ngeman asining uyah wurungna karêpmu.

Sêtyaki : Gêlêm bali yèn wis raup gêtihe Jayadrata.

Jayadrata : Wadhuh kêparat, têbah jajamu sigar mrapat kêlakon!

Sêtyaki : Dênga sing atos kêpêlane, cobanên!

Nggêdhog kêprak sarêng kêprak gangsa sampak. Sêtyaki mêngsah Jayadrata. Sawatawis rame, Jayadrata radi kasêsêr, mandhêg mbêkta gada! Gangsa dipun pathêt (botên suwuk).

Ginêm:

Jayadrata : Sêtyaki, apa kang katon?

Sêtyaki : Durung busik kulitmu wis dolanan gêgaman.

Jayadrata : Cilik atimu wêruh pusaka Banakêling.

Sêtyaki : Ayo dikêpara ngarsa mangsa tak tadhahana miring lêganing atiku!

Jayadrata : Pêcah mutamanggamu kêlakon Sêtyaki.

Nggêdhog kothak, gangsa sampak malih. Sêtyaki mbêkta gada pêrang kalihan Jayadrata ugi gêgaman gada. Dangu-dangu Jayadrata kasoran, Sêtyaki ngoyak lajêng kaêntas.

Candhakan, Dursasana mêdal dipun suluki kados tuladha kaca 81.

--- 83 ---

Ginêm:

Dursasana : Ui la la la la la He he he he. Iki dhogolane Wêrkudara gênjik. Aja manèh kowe, pênthêlang-pênthêlêng. Ui hi, bapakmu konên rene tak idak-idake pisan.

Gathutkaca : Wontên kêrsa punapa wa Dursasana?

Dursasana : Ui hi ha ha ha. Ngrapèk-ngrapèk, miris atimu kowe adhêp-adhêpan karo aku bangsat?

Gathutkaca : E wong tuwa lumuh diajèni.

Dursasana : Apa grênang-grênêng.

Gathutkaca : Minggat!

Dursasana : Hèi, wani kowe! Mati dening aku ...

Ndhodhog kothak dipun sarêngi kêprak. Dursasana pêrang kalihan Gathutkaca. Dangu-dangu Dursasana kawon. Kalih-kalihipun kaêntas.

Adipati Karna mêdal dipun papag Abimanyu têrus kacandhak dipun banting kabucal.

Karna ngoyak, kapapag Sêtyaki dipun candhak dipun banting kabucal. Gathutkaca têrus mabur. Mandhap nyêmbah lajêng mabur malih. Karna dipun sambêri saking gêgana, bingung, dangu-dangu kontal, pun oyag Gathutkaca.

Sêngkuni mêdal tancêp têngah-têngah madhêp manêngên gangsa suwuk tanpa pathêtan.

Ginêm:

E la kojur-kojur. Ana Kurawa sêmono kèhe mungsuh wong têlu we thik bubar kabèh. Hayo horotoh kono Dursasana kae geneya, he he he, kêglundhung-glundhung ... lha ngotên ... nak Adipati Karna maju la ... la ..., ut jêmpalik ... tangi ... jêmpalik malih ..., mungsuhe sapa ta ya ... wo la Gathutkaca ngana ... horotoh kono ... ayo ... yoh ... iyoh ... ut ... ut ...

Petruk njêdhul nggêtak: Daaaaa. Sêngkuni klumah kalihan wicantên: ma ... tik aku!

Petruk tancêp Sêngkuni tangi.

Sêngkuni : Ooo wong edan. Gawe kagèt wae.

Petruk (ngguyu): Hu hu hu hu hu hu.

Sêngkuni : Hus lurukane, anggêpmu apa wani ngguyu aku?

Petruk : Lo kula ngguyu niku wong kagèt mên kok klumah, apa tumon?

(Nyarêngi Petruk wicantên Bagong mêdal saking kiwa sakwingkingipun Sêngkuni).

Sêngkuni : Es ora rêmbugan karo wong gêndhêng ...
Sêngkuni malik badhe kesah Bagong kêdhêr kalihan nggêrêng: êrr.
Sêngkuni klumah malih.
Sêngkuni : Allah tobat ... gèk ... kuwi ... bangsane apa ... ya?

--- 84 ---

Sêngkuni badhe tangi alon-alon Bagong kêdhêr malih mungêl: êrrrrr.

Sêngkuni klumah malih.
Sêngkuni : E i i ijik, arak mati laku tênan aku iki.

Bagong : Gèk kuwi kang kêprukên ...!

Sêngkuni (kalihan tangi): Ooo didhêplok nguwong Bagong tibake. Minggata gawe kagèt wae!

Petruk : Kuwi le cêkêlên kono, tak jotose.

Bagong : Gèk êndang ta cêkêlên, wong aku ora isa nyandhak kok.

Petruk : Geneya ta!

Bagong : Sêtutku pêdhot.

Sêngkuni : We la blai iki mêngko.
(Sêngkuni molak-malik nolèh ngiwa nêngên)

Petruk : Bandhêmên watu we karo ndheprok!

Bagong : Ya tak bandhême.

Sêngkuni ndhupak Bagong, Bagong klumah, Sêngkuni dipun êntas. Petruk mara Bagong tangi.

Petruk : Priye le wis kok bandhêm watu?

Bagong (kalihan mbandhêm Petruk): Wis nya gilo tunggale.

Petruk : Adhuh. Bocah ki thik sêmbrana. Ana apa ta kowe kuwi.

Bagong : Ora apa-apa kowe bèn ngrasakake. Wong direwangi sêtute nganti pêdhot barang kon ndang nyêkêl kok gur sêmaya wae.

Petruk : Ya wis yèn ngono ayo nyingkir kêsampluk ndara Gathut mêngko.

Gangsa sampak malih.

Candhakan Karna dipun wasuh Gathutkaca. Nêmbe rame-ramenipun Sêmar dhatêng misah, gangsa dados ayak-ayakan lan Gathutkaca tancêp kasusul Abimanyu, Sêtyaki, Samba, Garèng Petruk Bagong sisih têngên. Sêngkuni Jayadrata Dursasana l.s.s. sisih kiwa. Gangsa suwuk tanpa pathêtan.

Ginêm:

Sêmar : Êmpun-êmpun dèn! Ampun ditutugake le sampeyan sami sêling tampi. Niki mangke kriwikan dados grojogan.

Karna : Iya kang, nanging prakara iki mêsthi bakal tak têrusake yèn durung Si Gathutkaca sakancane ngulungake kowe.

Sêmar : E i i niku klèntu. Margi satêmêne mawon, kula mbotên aling-alingan, nyatane mawon ndara Abimanyu niku wau nggih dèrèng angsal kasaguhan napa-napa tênan kalih kula. Lan klèntu pêndakwa sampeyan yèn wong-wong Pandhawa nyia-nyia kula. Têmêne ontên bab-bab sing wigati anane kula nganti lunga saka praja.

Karna : Wa la jagad dewa bathara. Yèn pancèn mangkono, kulup Gathutkaca, Samba, Abimanyu lan yayi Sêtyaki, ya sing gêdhe pangapuramu dene aku nganti nganakake ontran-ontran iki.

Gathutkaca : Nuwun wa prabu mbotên dados punapa!

Sêmar : Ngatên mawon nggih dèn, kula matur kalih sampeyan [sam...]

--- 85 ---

[...peyan] sami, satêmêne, kula gêlêm bali têng praja, nggih praja pundi mawon, ananging kula njaluk bêbana pêthukan nanging sanès pêthukan joli jêmpana punapadene rajabrana. Dene bêbana kula, sintên-sintên sing bisa mêthuk kula mawi sêkar: tunjungseta kang mawi cahya pêthak lan abrit nggih niku sing bakal kula eloni!

Karna : Yèn pancèn mêngkono, aku njaluk pamit bakal ngupaya ubayane kakang Badranaya.

Abimanyu : Siwa Badranaya, aku ya njaluk pamit, bakal bali marang praja ngaturake apa pundhutane siwa Badranaya marang para pêpundhèn.

Sêmar : E e inggih-inggih, sêdaya samia manggih bagya rahayu kalis ing sambekala!

Ndhodhog kothak lamba tamban gangsa mungêl ayak-ayakan. Bêdholan-bêdholan kesah, Sêmar mlêbêt. Kayon katancêpakên ing têngah dhoyong mangiwa, gangsa suwuk dipun suluki pathêt manyura jugag.

111111
Jah-ningya-ningta-la-
1111y.1x3x.x2
gaka-dila-ngitmam-
222222
bangtê-paswu-lanu-
222x1x.x2x3x.x2x1x2x1xy1
pa-ma-ne-kaO...lin-
111111
tangtul-yaku-su-ma
111xyx.x1x2x.x1xyxtx.xyxtxe
yasu-ma-wurO...

Lajêng kacariyosakên:

"Kocap kacarita rame dènira bandayuda para Kurawa kalihan para panakawan Pandhawa, ramening bandayuda Kyai Badranaya sigra nyapih kang samya rok bandawalapati. Sawusnya sapih Kyai Badranaya mundhut bêbana, kêrsa kondur ing praja kalamun dèn pêthuk ing sêkar tunjungseta ingkang mawi cahya pêthak lan abrit."

Kasinggêt dhodhogan "dhê-ro-dhog"

"Nênggih wau ganti kocapa para kaya kang ana praja Ngamarta, pêpak andhèr para kadang yayah ing purwa katon rêkta."

Ndhodhog kothak.

Mungêl gêndhing Bang-bang Wetan, gêndhing gêndèr pathêt manyura kêthuk 2 kêrêp kênong 3 (4) gong kawon kawangsulakên ing papanipun.

Lampahing jêjêran: Puntadewa têngên dipun amping-ampingi, Nakula lan Sadewa, wingkingipun Janaka.

Kiwa: Krêsna kalihan Wêrkudara gangsa kasêsêg mawi dhodhogan "dhê-ro-dhog" sirêpan lajêng kajantur.

"Punika warnane ingkang wontên praja Amarta, ya Batanakawarsa inggih Cintakapura. Prabu Puntadewa miyos pandhapi agung,

--- 86 ---

pêpak para kadang Pandhawa, R. Bimasena, Arjuna, Nakula saha Radèn Sadewa manggihi ingkang raka Nata Dwarawati Sri Bathara Krêsna. Duk ing nguni utusan R. Abimanyu, R. Gathutkaca, R. Samba miwah R. Sêtyaki kinèn mboyongi Ki Lurah Badranaya saking wukir Pujangkara.

Dangu nggènira nyrantos praptaning duta, pramila kaya mangkana pangudasmaranira ingkang dèrèng kawijil ing lesan."

Nggêdhog kothak sêpisan, gangsa mantun sirêpan Abimanyu mêdal saking kiwa nyêmbah, tancêp ing sangajêngipun Krêsna Samba sawingkingkingipun Abimanyu lajêng urut-urutan Sêtyaki lan Gathutkaca (pancènipun Gathutkaca sagêd wontên ngajêng nanging gandhèng ringgit mimpang agêng kangge jêjêran prayogi wontên wingking). Sawatawis gangsa lajêng kasuwuk dipun suluki sêndhon sastradatan.

!!!!!x!x.x6
Tat-ka-laNar-paKrês
655533
natantu-lusa-nya-
x3x.x2x2x.x3x2x1x6x.x.x.333
kraringO...Rê-siWa-
33333x2x.x3
raDyah-Na-wi-su-ta
5x6x.x15666
kanmung-gahsi-raka-
666x6x53x3x.x5x.x6
ka-lihingra-tasê-
x3x.x5x.x6333x3x.x2x1x.x2x1xy
kêrtu-mi-yang-a-kên
5555x5x6x53
i-kangsa-ra-ta-ma
5x6x.x1566.53
tan-dyatanma-ga-we
x3x.x5x.x6x3x.x5x.x63333
pu-hungni-gu-nasang
x3x.x2x1x.x2x1xy1111
rê-silê-laha-ta-
x6x.x153333
tarpan-jiwa-lat-e
3x2x.x35615
kyad-suhu-mi-yatRi-
6x6x.x53x3x.x5x.x6x3x.x5x.x63
sangWa-raSri-kan-dhi
333x3x.x2x1x.x2x1x6x5x.x.x.
ka-ra-nani-ringA...

Ginêm:

Puntadewa : Kaka Prabu Sri Bathara Krêsna mugi kasêkecakakên lênggah.

Krêsna : Yayi Samiaji, kados mbotên kirang sakeca pinarak kula wontên ngarsa paduka yayi.

Puntadewa : Kaka prabu inggih. Gandhèng sampun sawatawis wanci anggèn kita sami ngrantos, mangka punika Abimanyu sampun dumugi sumangga kula aturi ndangu kaka prabu.

--- 87 ---

Krêsna : Inggih yayi! Abimanyu, ora susah tak bagèkake mêsthine têkamu lan kabèh-kabèh padha raharja. Samêngko gandhèng rada nothol rasaning atiku mula enggal matura, olèh gawe apa ora sira lumaku duta?

Abimanyu : Kangjêng wa prabu inggih! Kula sadaya ngaturakên sèwu kalêpatan, dene lampah kula cabar tanpa damêl.

Krêsna : La sêbabe? Coba critakna!

Abimanyu : Kula dalasan kakang mas Samba, kakang mas Gathutkaca saha paman Sêtyaki sampun dumugi pucaking wukir Pujangkara, kêpanggih kalihan siwa Badranaya. Dèrèng ngantos tutug anggèn kula wawan rêmbag kêsaru rawuhipun wa Prabu Karna nganthi para kadang-kadang Kurawa ingkang ugi nunggal sêdya badhe mboyongi siwa Badranaya ...

Wêrkudara : Aku mbêdhèk mêsthi padha kêrêngan iki mau, tak lirik bathuke Sêtyaki mênyonyo, kuwi mêsthi diantêmi nguwong!

Krêsna : A ha ha ha ha. Aku sok nganti kodhêng yèn nggagas adhiku siji iki. Yèn angot sok ora prêdulèn. Ning yèn ngene iki bathuk mênyonyo barang kok ya wêruh. Ora dhi mbok ya aja nyêla-nyêla, bèn tutug le crita Abimanyu iki. Bacutnya kulup!

Abimanyu : Kaluhuran pangandikanipun kangjêng wa Jodhipati, sulayaning rêmbag dados pancakara, katujunipun lajêng dipun sapih wa Badranaya!

Samba : Kawula nuwun, kaparênga sumêla atur, ngèngingi pêrangipun yayi Gathutkaca kalihan paman Ngawangga. Wadhuh-wadhuh sadaya ngantos sami kèndêl ningali! Sampun, adhi mas Gathutkaca tandhingipun nggêgirisi nanging anèhipun kok anggènipun mbotên kêsupèn nyêmbah! Kula ngantos gumun, inggih layak kemawon la wong putranipun pa....

Samba kèndêl mbotên sagêt nglajêngakên amargi dipun bungkêm Wêrkudara.

Krêsna : Apa Samba kok ora mbok bacutake!

Samba : Nuwun inggih, angsal prêsèn!

Krêsna : Ya sokur yèn entuk prêsèn! Tutugna Abimanyu!

Abimanyu : Sapihing bandayuda, wa Badranaya mêdharakên, purun wangsul dhatêng praja nanging bilih wontên pêthukan wujud sêkar tunjungseta mawi cahya pêthak lan abrit.

Krêsna : Ooo mangkono. Samangke sampun têrang aturipun Abimanyu lajêng kadospundi paduka yayi?

Puntadewa : Kula namung sumangga mangsa borong kaka prabu.

Krêsna : Yayi prabu inggih. Mugi andadosna uninga yayi bilih sêkar tunjungseta ingkang mawi cahya pêthak lan abrit punika ingkang wontên namung ing kayangan. Alang-alang kumitir! Yayi Parta mara majua mrene.

--- 88 ---

Janaka majêng ing sangajêngipun Puntadewa, radi jêjêg: Wontên dhawuh kaka prabu!

Krêsna : Sarèhne sira wus krungu dhewe, lan ya ngêrti karêpku mula yayi, aja wêdi kangelan upayanên kêmbang tunjungseta ingkang ana ing alang-alang kumitir!

Janaka : Dhuh raka prabu jimat pêpundhèn kula! Manawi makatên sêkar tunjungseta kasêbat tuhu sampun datan kawêngku ing swasananing jagad raja, dados wontên salêbêting jagad dewa bathara. Ing mangke pundi margining manjing alaming kamukswan yèn mbotên praptèng antaka. Nanging lamun makatêna tuhu tiyang praptèng antaka têmtu mbotên angsal damêl.

Dipun suluki ada-ada grêgêt saut jugag kados tuladha kaca 85 Krêsna duka.

Ginêm:

Krêsna : Wadhuh-wadhuh, tuture yayi kaipe yèn tak rungok-rungokne kok kaya rêmbuge bocah cilik. Aku tau krungu kabar yèn Janaka iku kasup satriya pitataning satriya, kadang dewa ya pinutrakake dewa. Aku tau krungu wêjangane para linuwih, yèn ndhisik wis tau ana lêlakon sing diarani wiji luhur katêlah disêbut lakon Arjuna pingit, ya kuwi yèn Janaka iku sadurunge lair, wijine ana têlênging tejamaya didadar dening para dewa. Lan disangêni yèn mbèsuk dadia prajurit linuwih prajuriting dewa srayaning dewa lan ngaubana jagad saisine, bisa ngambah alam apa bae, kanthi ora ngrêkasa mung sakêdhèping netra! Saya manèh barêng lair, Janaka iku tuhune Hyang Basuki ngejawantah.
Nanging kêna apa yayi saiki mopo? Mangka ya mung Hyang Basuki thok ingkang bisa ngambah Alang-alang Kumitir.
Dadi nyatane yèn sira mopo, têgêse têga mring rusaking bawana, lha têrus apa kêrsane kaipe tumitah ing marcapada iki, lan apa têgêse sira nggayuh pangrèhing jawata luhung.

Dipun cariyosakên:

"Kocap kacarita kathah-kathah nggènira duka Sri Bathara Krêsna dhumatêng ingkang rayi Radyan Arjuna. Dèrèng têlas pangandikanipun Sri Bathara Krêsna wus matêng sêmêdine Risang Parta, sayêktine Sang Hyang Basuki konus saking raganira ndêdêl ing akasa minggah ing Alang-alang Kumitir."

"Kacarita wangsuling Hyang Basuki sayêkti ndhèrèkakên Sang Hyang Wênang susumusuping[3] angganira Risang Parta. Mangkana padha sakala Dyan Arjuna wus asêsumping cahya pêthak lan abrit muwah ngasta ponang tunjungseta."

Nalika sêmana tasih laju dukanira Sri Krêsna.

Ndhodhog kothak sêsarêngan kêprak, gangsa sampak. Mundur ringgit Pamadi kapêtha mêdal saking angganipun R. Arjuna têrus ndêdêl minggah lajêng wangsul malih ngiringakên Sang Hyang Wênang kalih-kalihipun sumusup ing badanipun Janaka.

Gangsa suwuk tanpa pathêtan.

--- 89 ---

Ginêm:

Krêsna : Yayi Parta, dadi sira aja mindho gawèni nggonira dadi satriya lan tumitah ing ngarcapada ...

(Puntadewa kajabêl mlorot ing sawingkingipun Arjuna)

Krêsna : ... kalamun sira tutug-tutugake anggonmu ambodhoni layak ...

Wêrkudara mlorot ngapurancang, amargi sumêrêp Sang Hyang Wênang manunggal wontên ing Sang Arjuna:

Krêsna : ... kalamun ... kalamun.
Krêsna mlorot saking kalênggahan nyêmbah lajêng ginêm:
Krêsna : Dhuh pukulun, kula nyuwun gunging samodra pangaksama dene kula ngantos mbotên mangêrtos rawuh paduka.

Hyang Wênang (ingkang sajiwa kalihan Arjuna): Kulup Krêsna kaya ora dadi apa. Ulun ora bisa suwe-suwe nyilih ragane Si Arjuna iki. Mula bakal ulun andharake apa kêrsa ulun. Ing nguni ulun disowani Hyang Basuki labêt winatêg dening Arjuna supaya golèk kêmbang tunjungseta. Lan iki wus ulun asta. Mung sapungkure ulun mêngko cahya putih lan abang kang sumumping ana talingane Si Arjuna isih ana apadene sêkar tunjungseta iki. Dene ulun amung arêp mêling marang kita kabèh ya iku ulun duwe rêmbug sapada coba mêngko padha surasanên: "Tirta kang tuke bêning tumêkaning kali katon buthêk, apamanèh yèn tuke buthêk." Wis kulup cukup sêmene bae, sêlak kêntèkan papan iki mêngko.

Ndhodhog kothak nitir gangsa sampak. Sang Hyang Wênang mêsat nggêgana gangsa sampak suwuk, dipun suluki pathêt manyura jugag kados tuladha kaca 85.

Ginêm:

Krêsna : Yayi Parta! Tak sawang kowe mau ora mingkêt saka ngênggon ngêrti-ngêrti kok wis nggawa kêmbang mênyang ngêndi wae kaipe.

Janaka : Tilêm!

Krêsna : Ah aja guyon! Ning rak ora sêrik ta tak unèk-unèkake mau.

Janaka : Malah kirang!

Krêsna : Ya wis malah nglulu! Yayi Samiaji!

Puntadewa : Wontên dhawuh kaka prabu!

Krêsna : Sarèhne bêtah sampun kacêkapan, ing mangke katimbang mbêbècèr lampah sumangga yayi sêdaya sami dhatêng wukir Pujangkara!

Puntadewa : Sumangga kaka prabu! Ayo yayi Sena, yayi Arjuna yayi Sêtyaki lan kabèh para putra-putra.

--- 90 ---

Sadaya mangsuli sagah, gangsa sampak, budhalan kayon tancêp ing têngah-têngah dhoyong manêngên. Gangsa suwuk tanpa pathêtan.

Kacariyosakên:

"Lêpas lampahira para Pandhawa, nênggih ingkang wontên ing wukir Pujangkara kadi miyak mega warnane!"

Ndhodhog kothak lamba tamban, gangsa ayak-ayakan, sadaya kajabêl kawangsulakên papanipun, tancêp Sêmar ing têngên gangsa kasirêp lajêng kacariyosakên.

"Amangsuli carita sakawit. Punika warnane ing pucaking wukir Pujangkara. Ki Lurah Badranaya nêmbe anggana angraosakên lêlampahan ingkang nêmbe kêpêngkêr, darêdahipun para pranakan Pandhawa lawan Kurawa.

Dèrèng tutug nggènira mênggalih, samana katungka rawuhira Nata Dwarawati anganthi sagunging kadang Pandhawa.

Dipun kombangi "O..." gangsa mantuk sirêpan. Krêsna mêdal tancêp ing kiwa, lajêng Puntadewa sawingkingipun Krêsna, Janaka mêdal badhe tancêp sawingkingipun Puntadewa dipun bêdhol Krêsna kapurih wontên ngajêng lajêng kasusul Wêrkudara, Gathutkaca Sêtyaki lss. Kagaliha pêrlunipun kemawon ewadene mênawi wêkdal taksih ombèr saha papanipun mrayogèkakên sumangga! Manawi sadaya sampun tumata, gangsa kasuwuk, dipun suluki pathêt manyura jugag kados tuladha kaca 85.

Lajêng ginêm:

Sêmar : Ei e kula waspadakake niku kados sinuwun Jaratmati ngiring sakathahing momongan kula Barata Pandhawa.

Krêsna : Kaya-kaya ora klèru pandumuke si kakang Badranaya!

Sêmar : Gèk ontên kêrsa napa mawon dene sami kusung-kusung rawuh mriki.

Krêsna : Mêsthine kakang Badranaya mangsa kêkilapan. Duk ing nguni aku utusan Abimanyu mboyongi kakang Badranaya, nanging wusanane si kakang ora kêduga bali ing praja lamun ora dipêthuk sarana kêmbang tunjungseta kang mawa sorot putih lan abang!

Sêmar : E e e ênggih pancèn lêrês ngêndikane sinuwun Jaratmati.

Krêsna : Sumurupa kakang wêktu iki têkaku kene ngirid yayi Janaka nggawa kêkudanganmu mau, mara tampanana.

Sêmar : E e e ênggih-ênggih kula tampanane.

Dipun cariyosakên:

"Kocap kacarita, padha sakala ponang cahya pêthak ingkang sumumping ing talingan kananira Risang Parta, cumlorot manjing ing kuncungira Ki Badranaya, dene cahya abrit manjing marang sêkar tunjungseta. Gumregah sanalika Kyai Badranaya".

Ndhodhog kothak kêsarêngan kêprak, gangsa sampak cahya pêthak manjing ing sêkar. Sêmar jênggèlèk-jênggèlèk lajêng nampèni sêkar! Gangsa kasuwuk tanpa pathêtan.

--- 91 ---

Lajêng ginêm:

Krêsna : Saiki wus kalêksanan apa kêkudanganmu kakang, mula kêpriye karêpmu!

Sêmar : E ênggih sinuwun. Satêmêne mawon, kêmbang mawon, kêmbang niki mung minangka sarat sarana, sing baku kula ajêng mêdharake rêmbug, yèn sinuwun Jaratmati lan sêdaya momongan kula Pandhawa kêrsa nampèni lan nyagahi maradinakên dhatêng saindênging praja kula purun wangsul dhatêng praja.

Krêsna : Aku nyaguhi apa pênjalukmu!

Sêmar : Satêmêne ngètên! Nggèn kula maratapa ontên ngriki niki kula mpun rumangsa gêmpung ati kula mêningi tatanan jaman saniki. Ontêne mung kisruh, dahuru akal-ingakalan. Mêsthine mawon sampeyan mpun diwêling kalih kaki Wênang. Banyu tuke bêning têkan kali mili buthêk, napa malih yèn tuke buthêk. Mangka jamane saniki ontên lêlakon ratu lali wajibing ratu, satriya lali sêsanggêmaning satriya, para tapa lali kalih bratane, para praja sami lirwa kalih wajibe nganti rusak panguripane kawula cilik.
Lha kaanane kawula cilik sing kisruh wau jalarane mung saka rusaking pakarti ndhuwurane, bêthèke mung padha kerut brana mêndêm wibawa, suwening suwe nganti padha lali lan lirwa kalih kalênggahane.
Sinuwun yèn paduka kadugi nyagahi badhe ngemutake dhatêng ingkang supe, kula sagah wangsul dhatêng praja.

Krêsna : Iya kakang aku uga wus ndungkap apa kang dadi sasêngkêranira, karana iku aku uga kaya mbok wêlèhake marang pêngawasing kodrat kang mracaya dhiriku, sing jarene aku didadèkake rêksakaning jagad. nanging dikayaa ngapa, wong Krêsna iki isih manungsa walaka lire isih nganggo wadhaging janma kang abanda daging lan gêtih, dipirantèni rasa ika lan iki, drêngki srèi, kumêndhung lan kumlungkung, mula dudu aran mokal lamun uga kakênaning lali. Mung wajibe wong lali iku kudu gêlêm yèn dielingna! Dene anggonku ngandharake iki mau ora kok aku sakadang Pandhawa iki bakal nyelaki pandumuke si kakang nanging mligi minta sih palimirmane si kakang têtêpa suka ngayomi marang kita kabèh! Parandene aku uga parikêdah nyaguhi panjaluke si kakang, marga ngèlingi marang rusaking jagad iki!

Sêmar : E e e ênggih-ênggih sokur bage sakêthi. Dene sampeyan êmpun damang têng ngarêp kula. Nanging ampun kêtanggungan nggèn paduka sêsanggêm. Paduka kula wuruki malih, paduka wartakakên dhatêng para brahmana rêsi sutapa, sami gêlêma bali kalih panêmbahe. Amarga, nggih namung mantêping pangèsthi marang panêmbah mawon manungsa bisa nduwèni daya luhur, trêsna asih dhatêng pêpadhaning tumitah, lan suka ngèngêti dhatêng kamardikane sasama. Sinuwun, samangke sampun karondhèn lampah mangga ndara suwawi kula dhèrèkakên kondur ing praja, namung [na...]

--- 92 ---

[...mung] mangga mampir dhatêng pèrènging rêdi Pujangkara mriki sing dadi watêsing praja Amarta. Sajake kok ontên mêndhung nggêndhanu, ajêng mrêpêgi têng praja.

Krêsna : Kakang kaya bênêr pamawasira mangga yayi Samiaji, yayi Sena, yayi kaipe lan para satriya kabèh!

Puntadewa : Mangga kaka prabu kula dhèrèkakên.

Ndhodhog kothak kasarêngan kêprak, gangsa sampak bêdholan.

Kayon kajabêl dipun wayangakên kalihan dipun kombangi "e ..." gangsa ayak-ayakan. Kayon kawangsulakên ing papanipun.

Jêjêran: Têngên Prabu Purbaningrat, kiwa Panêmahan Garudaya: Patih Pujapati, gangsa suwuk. Kasinggêt dhodhogan "ndêrodhog" sasmita tanpa pathêtan. Lajêng ginêm:

Purbaningrat : Paman Panêmbahan Garudaya, sampun sawatawis wêkdal kita lumaksana ing pêsisir Wiratha têka dèrèng mrangguli praja paman.

Garudaya : Aja mbêcècèr lan ngubal-ubal kêkuwatan anak prabu! Pancèn tan sêngaja lakune iki murang marga pêrlu ngênêr marang praja Ngamarta prajane wong Pandhawa.

Purbaningrat : Pêrlunipun?

Garudaya : Nadyan cilik, Ngamarta iki dadi pusêring kêkuatan. Wis makaping-kaping para raja kang arêp nêluke tanah Jawa diwiwiti saka sing gêdhe-gêdhe, Wiratha, Dwarawati, Ngastina, nanging êntèk-êntèkane mung padha dikalahake dening wong Ngamarta. Lha saiki yèn Ngamarta wis têluk dhisik, nêgara liyane sing pantês disamarake yaiku Dwarawati, liyane suwe mijêt wohing ranti?

Purbaningrat : Mênawi makatên sumangga dipun bidhalakên daya-daya enggala dumugi Ngamarta.

Garulaya[4] : Yèn aku ora klèru, sisih têngên iki jênênge gunung Pujangkara, iki tapêl watêsing praja Ngamarta, dadi iki wis ngancik tlatahe wong Pandhawa. Mara anak prabu enggal budhalna prajuritira.

Purbaningrat : Bujopati, aja ngantuk bae, ayo mangkat daya-daya têka praja Ngamarta!

Bujopati : Sumangga sinuwun.

Ndhodhog kothak sêsarêngan kêprak. Gangsa sampak. Bêdholan. Bujopati kêpapag Sêtyaki lajêng tancêp, kiwa Bujopati, Kala Sumbaga Kalarudragsa, têngên Sêtyaki lan Gathutkaca:

Gangsa suwuk dipun suluki ada-ada grêgêt saut manyura kados kaca 79 utawi 82.

Ginêm:

Bujopati : Durung suwe lakuku saka pakuwon iki kêpranggul pêpanthaning jurit! Sapa iki!

Sêtyaki : Balik takon sapa aranmu!

Bujopati : Eh kêparat, ditakoni durung sumaur balik têtakon. Nayaka Giripurba, Bujopati aranku. Ngakua!

--- 93 ---

Sêtyaki : Prajurit saka Dwarawati, satriya Lesanpura R. Sêtyaki.

Kalarudragsa : E Capêt-capêt wis tau kêpêthuk aku.

Sêtyaki : Pancèn ora salah pandulumu.

Bujopati : Sapa sing mburi kuwi.

Gathutkaca : Nata Anom Pringgadani, Gathutkaca aranku.

Bujopati : Sêtyaki, aja ngalang dalan aku arêp marang praja Ngamarta.

Sêtyaki : Apa karêpmu.

Bujopati : Ah nambong! Prajamu bakale iya! Aku nagih prajanji, jaluk têluke Ratu Ngamarta marang praja Giripurba.

Sêtyaki : Wadhuh kumêndhung ucapmu. Aja manèh njaluk têluking praja Ngamarta, sêdhêng kowe wani ngancik tlatahing praja ngrubuhake godhong sukêt salêmbar kudu mbok tambêli nyawamu!

Bujopati : Ah sumbare si kêparat. Lumuh ginawe bêcik, bosên mangan wohing dami kinukus. Sumuk nyawamu Sêtyaki!

Sêtyaki : Sadurunge sêpêt mripatku minggata.

Bujopati : Tak sawang prajurite ora sêpiraa. Wong Giripurba krubutên!

Ndhodhog kothak kasarêngan kêprak gangsa sampak. Pêrang: Sêtyaki mêngsah Kala Sumbaga, Kala Sumbaga pêjah, Kalarudragsa mêngsah Gathutkaca, Kalarudragsa pêjah prajurit Giripurba kawon sadaya gangsa kapathêt, Prabu Purbaningrat mêdal tancêp lajêng ginêm:

Purbaningrat : Wa klèru nggonku milih praja, bubar mawut wong Giripurba. Sapa magut turune anggana?

Janaka (namung suwantên): Satriya Madukara R. Arjuna. Balik kowe sapa aranmu!

Purbaningrat : Nata Giripurba Prabu Purbaningrat. Nututa bae Janaka, tak jajah nêgaramu.

Janaka : Aku gêlêm nurut yèn wis têkên gêmbungmu.

Purbaningrat : Wadhuh kêparat sirna dening aku kowe.

Gangsa sampak malih. Purbaningrat pêrang kalihan Janaka, Janaka kawon, Purbaningrat ngamuk, Sêtyaki, Gathutkaca, Abimanyu kawon sadaya. Wêrkudara majêng, pêrang rame Wêrkudara kawon mundur dhingklangan Krêsna tancêp Sêtyaki, Gathutkaca, Abimanyu, Janaka nusul gangsa suwuk tanpa puthêtan.[5]

Krêsna : Lho kok wis padha ngadhêp, priye kabare kaipe?

Janaka : Kawon!

Krêsna : Kalah? Eh Janaka ki bisa kalah ta. Abimanyu priye?

Abimanyu : Kawon!

Janaka : Ya kalah! Lha kuwi, kaki prabu?

--- 94 ---

Pêdhalangan Jangkêp Lampahan Purbaningrat, Soetarso, 1967, #175 (Hlm. 075–100): Citra 2 dari 2
Prabu Purbaningrat kataman sanjata cakra badhar dados Bathara Kala

--- 95 ---

Gathutkaca : Ugi kawon!

Krêsna : Yèn Sêtyaki mêsthi mênang!

Sêtyaki : Inggih!

Krêsna : Êlo tênan apa!

Sêtyaki : Inggih mêngsahipun.

Krêsna : Hm – ha ha ha, pantês-pantês Sêtyaki. Lha wong du...

Kêsaru Wêrkudara dhatêng dhingklangan kalihan wicantên: Iki dhatêng Krêsna.

Krêsna : Iki ngapa ta ya, têka-têka nêkêm pupu kok dipèpèt-pèpètake wong!

Wêrkudara : Gêlis ta tambani!

Krêsna nggrayang pupunipun Wêrkudara, mantun Wêrkudara mundur tancêp.
Krêsna : Yèn ngono iku, bêthèk-bêthekan mêsthi kalah!

Wêrkudara : Kalah ya bèn ora ya bèn.

Krêsna : Hm gawat têmên lêlakon iki sajak dudu sabaene. Kakang Sêmar!

Sêmar (namung suwantên): E ontên napa nimbali kula.

Krêsna : Mrenea ana gawe kakang!

Sêmar : E ênggih.

Gangsa sampak, Sêmar majêng tancêp. Gangsa suwuk tanpa pathêtan.

Krêsna : Kakang Sêmar, iki Krêsnane lagi apês, para Pandhawa ya kojur. Kalah kabèh priye?

Sêmar : Niki dede bagian kula, sampeyan tiliki dhisik, mêngke yèn pancèn mbandakalani, kula tandhingane!

Ndhodhok kothak kasarêngan kêprak, gangsa sampak, Krêsna majêng bêdholan, candhakan Krêsna, abên ajêng kalihan Prabu Purbaningrat. Gangsa suwuk dipun suluki ada-ada grêgêt saut manyura jugag kados kaca 81 lajêng ginêm:

Purbaningrat : Êntèk tapis senapati Pandhawa, katitik iki ana raja maju pêrang. Sapa kowe?

Krêsna : Nata Dwarawati Sri Bathara Krêsna! Sapa kowe sang prabu?

Purbaningrat : Wadhuh ha ha ha. Ngêplèk lalêr katut nyamuke iki. Karêpku arêp nêluk-nêlukake Pandhawa dhisik, malah iki dhanyangan Dwarawati pisan wis arêp pasrah pati urip ana ngarêpku. Krêsna nututa bae dimèn dawa umurmu.

Krêsna : Prêkara nutut gampang, ngakua dhisik sapa kowe!

Purbaningrat : Nata Giripurba, Prabu Purbaningrat!

Krêsna : Eh! Adoh-adoh saka Dwarawati kêpêthuk sing dak golèki ...

Purbaningrat : Arêp nutut bae ngono ta ...

Krêsna : Lancang pangucap!

Purbaningrat : Priye? Arêp wani?

--- 96 ---

Krêsna : Yèn wanine ora, mung aku kêpengin yasa kasut walulange Nata Giripurba.

Purbaningrat : Ah setan! Mati dening aku, kowe!

Ndhodhok kothak sarêng kêprak, gangsa sampak, Purbaningrat nubruk Krêsna, Krêsna endha mlajêng, lajêng tancêp têrus musthi sênjata cakra, kabalangakên. Candhakan Purbaningrat kapaduk sênjata cakra badhar dados Bathara Kala dhawah kantaka. Krêsna dhatêng mrêpêki, gangsa suwuk Bathara Kala amur.

Krêsna : Êlo kok si kothok onggrok. Ana karêpmu apa Bathara Kala, dene kowe salah gawe ngganggu katêntrêmaning bêbrayan!

Bathara Kala : E e sing gêdhe pangapuramu kakang Wisnu, aja kêsusu duka, e ya abot-abote dirêsaya!

Krêsna : Lha sing ngrêsaya kowe sapa?

Bathara Kala : Sumurupa kakang dudu bageyanku ngandharake iki aku iki mung kinarya prabot lan piranti, yèn si kakang iku arêp nyalahake aku, iku dudu samêsthine. Mula aku njaluk pamit bali marang dunungku.

Krêsna : Mêngko dhisik ta. Yèn durung ana sing bisa nêrang-nêrangake kanthi jêlas kowe durung dak lilani bali.

Bathara Kala : Dudu bageyanku.

Krêsna : Lha sapa?

Bathara Kala : Sêdhela manèh bakal têka mula aku njaluk pamit.

Krêsna : Ya ya minggata, mung tak wêling pisan iki bae kowe bisa njaluk ngapura aku, yèn nganti mbok balèni manèh aja takon dosa.

Bathara Kala : Ya, tak eling-elinge, aku njaluk pamit, kariya basuki kakang.

Gangsa sampak Bathara Kala mêsat, Bêgawan Garudaya dhatêng. Tancêpi gangsa suwuk tanpa pathêtan.

Krêsna : Êlo sapa iki mênganggo cara brahmana nanging têka ora nduwèni tata susila.

Garudaya : Pancèn tak jarag Krêsna.

Krêsna : Waskita kowe sang pandhita, ngêrti jênêngku!

Garudaya : Anggêr ora silih bae, sajagad ora ana loro corèke Nata Dwarawati sing kaya kowe.

Krêsna : Tak akon! Nanging ngakua sapa aranmu lan ngêndi pinangkamu, apa sêdyamu, dene klênyat-klênyit sajak kaya ora jangkêp nalarmu.

Garudaya : Ya sauni-unimu tak lajur. Aku Bagawan Garudaya saka Giripurba.

Krêsna : O la layak botohe ta iki!

Garudaya : Dhasar nyata tak ujuti. Nututa kowe Krêsna.

Krêsna : Ratumu wis tinjo kerat, apa kowe ...!

Garudaya : Es kakehan wuwus rasakna iki ...

--- 97 ---

Gangsa sampak, Krêsna dipun sabêt nanging nginggati oyak-oyakan rame wusana Krêsna kagêtak kabur lajêng dhawah tancêp têrus sêdhakêp. Krêsna malih danawa agêng mlampah murugi Garudaya. Garudaya kagèt tancêp lajêng sêdhakêp, mêndhêt kayon kakêdhêrakên kangge ngaling-alingi Garudaya. Dawana dhatêng badhe mrawasa nanging mundur dipun dhêsuk kayon. Dênawa kalèngsèr gunungan wangsul angslup dhatêng angganipun Garudaya têrus ngoyak Krêsna.

Candhakan dênawa mundur, tancêp badhar kados Krêsna. Gangsa suwuk dipun suluki ada-ada grêgêt saut manyura jugag kados tuladha kaca 81.

Krêsna : We lha, katiwasan, dudu sabaene manungsa iki, katiyasane ngluwihi pangwasaning dewa, Garudaya.

Garudaya : Ana paran Nata Dwarawati.

Krêsna : Tak kandhani ya, mundura mumpung aku ...

Garudaya : Ah rak arêp mamèrake cakra ta? Ra sumbar lêpasna tak tadhahane kene.

Krêsna : Eh kêparat. Coba jajalên pêcah dhadhamu kêlakon.

Gangsa sampak Krêsna namakakên cakra candhakan Garudaya tancêp kalihan sêdhakêp têrus kayon kêdhêr kapêtha mêdal saking anggènipun namèngi sênjata cakra. Sênjata wangsul botên tumama, kayon kalorot, Garudaya mêsat mênêngên. Candhakan, Krêsna tancêp, sênjata cakra wangsul angslup ing angganipun Krêsna. Gangsa suwuk sipun suluki sêndhon tlutur kados tuladha kaca 53. Lagunipun sami namung notipun kawiwitan saking manis (2). Krêsna susah, lajêng dipun susul Sêmar.

Ginêm:

Sêmar : E e e. Lae lae. Gèk ontên napa niku sinuwun.

Krêsna : Apês timên bujane Nata Dwaraka kakang, aku njaluk pamit arêp munggah mring kayangan, aku arêp gugat!

Sêmar : E e e, napa mpun digalih bênêr-bênêr. Cobi kula aturi mbudidaya sapisan malih.

Krêsna : Êntèk nalarku, nganti tak rewangi tiwikrama kêpêksa cabar tanpa gawe, sênjata cakra ora tumama.

Sêmar : Sinuwun, kula tau tumon, sawêr niku digêbug mawi kayu mlandhing salêngên sok têsih mbandakalani ewadene digitik mawi wilah dêling sing sadriji gêdhene sagêd apês dayane. Napa sêbabe sinuwun.

Krêsna : Iya kakang, jarene ..., jarene lho ning iku mungsuhe ngêrti pêngapêsane!

Sêmar : Lêrês! Saniki kula tau tumon, wong mêcah kêmiri ngangge bêndho gêdhe nanging pêcahe mbotên sagêd bisa sigar jambe, alias nisib! Barêng kêmiri wau didèkèk ontên conthong ron pisang diwalik dikrowak, têrus dipêthèl mawi pêthèl nggih ron pisang garane papahe yèn ngêrti ngèlmune lan rusiane bisa sigar jambe.

Krêsna : Iya kakang, marga iku mungsuhe lan wus kêcêkêl ngèlmu wadi-wadine, eh ..., eh ..., tibake ngono ta iki mau. O la layak têrange Garudaya niki dudu mungsuhku rak ngono ta!

--- 98 ---

Sêmar : Ha lha ênggih sinuwun. Mila sampeyan pados sawung!

Krêsna : Kok aku?

Sêmar : Sintên mawon sing sampeyan dhawuhi mêsthi mangkat!

Krêsna : Bênêr-bênêr. Yèn ngono ... sapa ya ...? Ah wis entuk.

Sêmar : Yèn sampun angsal, katimbang kêdangon mangga diupadi, sêlak ndadra nika!

Krêsna : Saiki ngene. Aku Nata Dwarawati Sri Bathara Krêsna. Atas pangwasaku minta sraya jago. Dene jagone yaiku praboting jagad katêlah Kyai Badranaya, mula kudu mangkat saiki uga mêthukake mungsuh!

Sêmar ngguyu: Hèh ... hèh ... hèh hèh hèh. Ambok pyayi pintêr kok dipèk dhewe. E e blai-blai! Gandhèng kula wau pun kêtrucut rêmbug sintên sing didhawuhi Nata Dwarawati mêsthi kula mangkat, mila sinuwun sampeyan prayitnaning wingking mawon kula larake rêsi kêparat nika.

Gangsa sampak, Sêmar abên ajêng kalihan Garudaya.

Gangsa sirêpan.

Garudaya : Êntèk akale Nata Dwarawati, mula wong kaya ngene dhapure dijokake.

Sêmar : E e layak-layak. Yoh munia kêtanggor aku ora sida mulih aran kowe bangsat.

Gangsa sampak malih, pêrang sawêtawis rame, lajêng rukêt, gangsa dipun sirêp lajêng kacariyosakên:

"Rame nggènnya bandayuda Kyai Badranaya lawan Rêsi Garudaya. Wusana wus tan kasamaran, Kyai Badranaya pamawase, sigra mêdal saking rukêting mêngsah gita-gita binalangakên ponang sêkar tunjungseta, tumanduk ing jajanipun Rêsi Garudaya, padha sakala sirna kwandane, mung kari tabêt êndhog amun-amun!"

Gangsa sampak malih. Sêmar pisah lajêng mbalangake sêkar, Rêsi Garudaya kenging sêkar mêsat kagantos kayon kauduke. Sêmar nututi tancêp lajêng kasusul Krêsna ingkang lajêng dipun gèrèt Sêmar kapurih wontên ngajêng.

Gangsa suwuk, tanpa pathêtan.

Krêsna : Jagat dewa bathara ya jagad pramudita, sasirnane Rêsi Garudaya têka iki ana sêsawangan arupa êndhog amun-amun, baya iki tabête Garudaya.

Êndhog amun-amun: Ya ya sinuwun têka bênêr panarkamu ya iki kawujudane sêjati saka kang manjanma Rêsi Garudaya!

Krêsna : Yèn aku entuk takon sapa sira iku lan apa sababe agawe ontran-ontran kaya ngene.

Êndhog amun-amun: Sumurupa Krêsna, aku iki ora gantha ora gana, ora jênêng ora aran. Dunungku ana salumahe jagad iki, asalku saka patang keblat. Dene têrange aku iki dumadi saka gênging [gê...]

--- 99 ---

[...nging] swasana kang nglimput samubarang kang katon ing jagad iki. Malah sajroning badan sadhengah titah aku iki ana, kêna kok padhakake kayadene hawa utawa angin. Awit saka pangwasaning alam kang kaprabawan dening sambat lan sêbuting para titah, ora kêjarak aku bisa manjalma dadi manungsa. Ngèngêti aku iki kudu bali marang asalku sakawit, gandhèng sababe aku dadi titah iki mau awit saka pokaling manungsa kang tansah padha rêbut mênang tanpa rêringa, mula aku banjur ada-ada ngganggu gawe katêntrêmaning bêbrayan. Nanging aja kêsusu nyalahake aku. Dupèh aku tumindak mangkene. Galihên Krêsna aku iki mung nalurèkake kukuming kodrat, sapa sing kêna mêsthi malês marang sing angênani. Sing nandur bakal ngundhuh. Mangka aku iki rumangsa kêkênan dening tarekahing janma manungsa kang wanèh-wanèh polahe iku, aku rumangsa ora mbibiti, mula aku awèh pêpeling aja bok têrus-têrusake tumindake bangsamu sing mangkono iku mundhak ngêndhak gunaning pêpadha. Rumangsanana yèn anggonmu padha nandhang rêribêt iki awit ngundhuh wohing pakarti. Dadi aja mung ndumuk marang salahing liyan nanging padha tlusurên badanmu dhewe-dhewe.

Wasana Krêsna, ora dak dawa-dawa andharanku iki, sêlak kêpèpèt panggonane (mênawi ngucapakên ringgit: sêlak kêpèpèt wêktune). Mung wêlingku sing padha dingati-ati sabarang tumindak, amarga yêktine kanggo budayaning manungsa iki, lagi ana grênjêt ala bae, mêsthi bakal nêmoni lêlakon kang luwih ala tinimbang grênjête. Aja manèh tumêkaning tumindak, ana daya gêdhe walate kang bakal sinandhang. Lan manèh, lêlakon ontran-ontran iki aranana bae, paukumaning alam kang dumadi saka pangwasaning jagad utawa purbaningrat, lan bênêr ora sêpisan ji ki bae, êmbuh mbesuk-mbesuk kono mung gumantung karo mêkaring budayaning para manungsa. Mung bae mêsthine ora padha kawujudane, bisa uga wujud manungsa kang nduwèni pangwasa ngedab-edabi, bisa uga wujud sato kang nggêgirisi bisa uga wujud banjir gêdhe, bisa wujud lindhu utawa panjêbluging gunung kang kabèh-kabèh mau kêna dititik mrucut saka muluring nalare manungsa. gêlisane Krêsna, kariya basuki aku tak bali marang asalku sakawit!

Ndhodhog kothak kasarêngan kêprak, gangsa sampak. Êndhog amun-amun musna Krêsna ulat-ulatan lajêng mundur.

Candhakan Wêrkudara mêngsah. Tumênggung Carangpanigas, tumênggung kawon, lajêng Wêrkudara tayungan, têrus ayak-ayakan.

Jêjêr têngên: Krêsna, Puntadewa, Janaka, Wêrkudara lan Sêmar.

Kiwa: Bisma dhatêng têrus dipun aturi lajêng kasusul Duryudana, Salya, Baladewa, lan Pandhita Durna. Gangsa suwuk lajêng ginêm:

Bisma : Wadhuh-wadhuh kaya mabur-mabura lakuning rata lan turangganing para prajurit, arêp mbiyantu yuda, kang cocog karo pêkabaran, nanging barêng têka kene sajak kaya wus rampung pêpêrangan iki!

--- 100 ---

Krêsna : Inggih eyang Bisma kaluhuran sabda paduka. Namung sami raharja rawuh paduka dalasan para kadang eyang!

Bisma : Ya kaki prabu kaya ora kurang sawiji, lan yèn tan cocogake para wadya Dwarawati lan Pandhawa kaya-kaya ya ora ana kang kêna ing bilai.

Krêsna : Pangèstunipun eyang makatên. Lajêng wontên wigatos punapa eyang rawuh nganthi para Kurawa?

Bisma : Ya sejene rêmbug ing ngarêp ya iku mbiyantu yuda aku arêp martakake kêpriye kabare kakang Badranaya.

Krêsna : Nun inggih eyang, pêthukan sêkar tunjungseta sampun katampi lan sapunika purun wangsul dhatêng praja.

Bisma : Sukur bage jumurung, anggêr gêlêm bali bae, êmbuh Dwarawati êmbuh Ngastina êmbuh Ngamarta, iku prêbawane bisa nyakup sakabèhe kaki!

Krêsna : Inggih eyang, sarèhne sampun kêpanggih wilujêng saha sadaya-sadaya sampun ludhang saking pakèwêd, ngiras pantês bawa raos bab-bab ingkang nêmbe kapêngkêr punika, amargi yêktinipun kathah sêsanggêman kula ingkang kêdah kula walakakakên dhatêng paduka sami, pamanggih kula prayogi manawi sadaya pinarak dhatêng praja Ngamarta!

Bisma : I i i cocog bangêt karo krêntêging atiku kaki, iya-iya ayo padha nggrubyuk marang praja Ngamarta!

Ndhodhog kothak rangkêp gangsa ayak-ayakan pamungkas, lajêng tancêp kayon.

TAMMAT

__________

--- [0] ---

[Iklan]

 


bujanggaanom. (kembali)
pisaca. (kembali)
sumusuping. (kembali)
Garudaya. (kembali)
pathêtan. (kembali)