Irawan Rabi, Rêdisuta, 1932, #1627

JudulCitra
Terakhir diubah: 14-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1037… f 0,80

Irawan Rabi

[Grafik]

Miturut katrangan-katrangan anggitanipun Ki Rêdisuta

Bale Pustaka-Batawi Sèntrêm.

--- [3] ---

1. Jêjêr ing Dwarawati.

Awiyosipun, abdi dalêm dhalang ing Surakarta, pratelanipun ing ngandhap punika.

Manawi sampun wanci jam wolu, gamêlan mungêl, winastan talu, laras pathêt Manyura, gêndhingipun Miling, antawis 6 gong minggah. 4 gong minggah ladrangan katawang. 6 gong, lajêng Ayak-ayakan. Antawis 10 gong, lajêng sêsêg kados nabuhi wayang pêrang ing wanci bangun. Saantawis lajêng suwuk.

Kyai dhalang lajêng mapan linggih ngandhap balencong, manawi sampun nyêpakakên wayang, ingkang badhe kawêdalakên jêjêr, kothaking wayang kathèthèk dariji, sasmita angajak wiwit. Wiyaga juru pangrêbab anyandhak rêbab lajêng buka mungêl gêndhing Karawitan, pathêtipun 6. Kyai dhalang lajêng ambêdhol kayon ingkang winastan gunungan, kang tumancêp sangajênging balencong, lajêng ngêdalakên wayang, ingkang rumiyin parêkan kêkalih, tumuntên Prabu Krêsna, Sămba, Satyaki. Gamêlan lajêng kajantur. Jantur punika ingkang mungêl: gêndèr, kêndhang, kêthuk, kênong, gong, katabuh lirih, gêndhingipun botên santun taksih Karawitan[1] Kyai dhalang carita:

--- 4 ---

Anênggih nagari ing pundi kang kaeka adi dasa purwa. Eka marang sawiji, dasa sapuluh, purwa marang ing wiwitan. Sanadyan kathaha titahing Hyang Girinata, kang kasăngga ing pratiwi, kaungkulan ing akasa, kapit ing samodralaya, kathah ingkang abêbana[2] raras, tan wontên kadi nagari ing Dwarawati, iya ing Jênggalamanik, ingkang pantês kinarya bêbukaning carita, ngulatana satus tan angsal kêkalih, sèwu tan angsal sadasa, nyata nagari pancang[3] apunjung, pasir wukir loh jinawi, krêta tur raharja. Punjung dhuwur tan ana ingkang ngungkuli, èndhèk tan ana kang mêmadha. Pasir samodra wêdhi, wukir gunung, loh jinawi murah kang sarwa tinuku, tulus kang sarwa tinandur, krêta tur raharja, murah sandhang pangan. Pranyata nagari Dwarawati padhang jagate, gêdhe obore, dhuwur kukuse, adoh kuncarane. Nagari angananakên samodra, angeringakên wana pacangkraman, ngungkurakên ardi, ngayunakên bandaran agêng. Mila kathah tiyang liya nagari dumugi Dwarawati adêdagang lajêng sami wisma. Nagari dhusun tan wontên bedane, wisma pipit adu cukit, kawula tani urut pasisir sami eca manahe, mungkul nambutkarya asêsawah, dursila tan wontên purun, ajrih ambêkipun sang nata ing Dwarawati, wasi jêjanggan, cantrik, manguyu, sami mungkul ing puja samadi. Kandhang tan wontên kinancingan, rajakaya [raja...]

--- 5 ---

[...kaya] taksih sami gumêlar ing pangonan, saking kasorotan ing ambêking wong agung ing Jênggalamanik. Tyasing kawula tan wontên rêngat. Mila kathah jajahan ingkang nungkul saking aris, botên kalayan ginitik ing prang. Tanah sèwu nagara sabên kalamăngsa ngaturakên bulubêkti, glondhong pangarêng-arêng, gurubakal gurudadi, sarta rêrupan kang moncol ing praja, kaya ta: wanodya kang endah warnane, lajêng kaaturakên palara-lara, lajêng kakarsakakên dados badhaya srimpi. Pranyata wong agung Dwarawati asih samaning ratu, asih marang kawula, ajrih marang dewane, para raja tanah ing ngamănca, kang cêlak tumêlung, kang têbih tumiyung. Sintên ta jêjulukipun wong agung ing Dwarawati, Prabu Krêsna, ya Prabu Arimurti, ya Sri Padmanaba, ya Bathara Kesawa, iya Prabu Danardana. Mila jêjuluk Prabu Krêsna, dene cêmêng mulus jawi lêbêt. Prabu Arimurti, ari anom, Murti musthika, nadyan anom musthikaning ratu. Padmanaba, Padma kêmbang, Naba wadhah, nyata kanggenan kêmbang Jayakusuma, bisa nguripake pati sajabaning pasthi. Prabu Kesawa, sagêd triwikrama gêng saparbata siwi. Prabu Danardana, tan pêgat dana utawi madhangakên manah pêtêng, mila kang dados têtimbangan amung satriya Madukara, kadi gêni lan urube, gênine Danardana, urube Dananjaya. Kaya suruh lan kurêbe, kurêbe Danardana,

--- 6 ---

lumahe Dananjaya, dinulu seje rupane, ginigit padha rasane.

[Grafik]

Prabu Krêsna.

Kocap marêngi ari Soma, sang prabu miyos siniwaka munggèng sitinggil binata rata, lênggah ing dhampar dênta lèmèk kasur babut kang isi sari, ingayap para biyada, manggung palara-lara, wênèh ngampil upacara, banyakdhalang ardawalika sawunggaling, sami kancana kang rineka. Lênggahira sang prabu ngeringakên pamucangan, angayunakên pakêcohan, sarta kinêbutan laring manyura, kawula kalawija sami tarap ing ngandhap, bucu, cebol, dhêkak, wujil, kang sami lumampah kesodan walikan. Punapa agêm-agêmane sang prabu: jamang mas sungsun tiga, pinatik ing sotya nawa rêtna,

--- 7 ---

sumping mas tinatah rineka kananga ginubah, sinung tali udawala, têtopong mas kinarawistha pramata nila widuri, sinung kancing kancana rineka garudha mungkur, sinăngga ing praba, ulur-ulur naga ngangrangan, kêlatbau nagaraja, abangkol sirahing garudha, sami kancana kang rineka, kroncong suwasa rineka taksaka raja, kampuh sutra seta tinulis sêmèn linud ing parada, prabaning busana kadi angucêmakên soroting diwangkara, tinon saking mandrawa sirna manungsane,[4] kadi sayêktining Bathara Wisnu kang angejawantah. Sang prabu angagêm găndawida jêbat kasturi, kasilir samirana gănda kongas ngantos dumugi pagêlaran, mangalèr ngantos dumugi sajabaning pangurakan. Kawula kang sewaka mambêt marbuking gănda sami anggraita, yèn sang nata sampun miyos, lajêng lênggah satata, prabawaning prabu siniwaka, kawula sidhêm pramanêm, kadi tan ana swaraning walang asisik, ron tan wontên ebah, samirana tan lumampah, namung kawula kriya, gêndhing, kêmasan, ingkang botên kèndêl taksih anambut karya, kamirêng saking pasewakan, cat kapiyarsa cat botên, binarung lan unining paksi êngkuk kang mencok ing wringin kurung, puwara mêwahi kuwunge ing pasewakan.

Kacarita wong agung ing Dwarawati arsa mangun boja wiwaha, ambawahi panggihipun ingkang putra sumêndhi wasta Dèwi Sitisari, [Sitisa...]

--- 8 ---

[...ri,] dhaup kalihan putra Madukara Bambang Irawan, sang prabu lajêng miji ingkang putra satriya ing Paranggarudha Radèn Sămba, kalih ingkang rayi satriya ing Pabutulan Radèn Arya Satyaki, sami katimbalan dhatêng ngayunan, lampahipun gurawalan, praptèng ngarsaning sang nata lênggah mabukuh, muka kadi konjêm ing pratala, yèn ngunandikaa Radèn Sămba: Apa baya karsane ingkang sinuhun, dene wantêr kang timbalan. Gêndhing minggah antawis 5 gongan suwuk, lajêng pathêtan. Pathêtan punika ingkang mungêl: rêbab, gêndèr, gambang, suling, satêlasing pathêt lajêng ada-ada. Ada-ada punika ingkang mungêl namung: gêndèr kalihan kêprak, satêlasing ada-ada, Prabu Krêsna ngandika:

Aja dadi gugupe atinira, sira ingsun timbali saka pasebanira.

Sămba matur: nuwun, sarêng kula tampi dhawuhipun ingkang sinuhun, kados tinêbak ing singa lêpat, sinambêr ing gêlap tuna, saengga kambêngan salêmbar kapanjêr samadyaning alun-alun, kasilir ing maruta, kalangkung kumitiring manah kula amor kalihan maras. Sarêng dumugi ngarsanipun ingkang sinuhun, botên gadhah manah ingkang kuwatos.

Krêsna: apa mulane ana ing jaba, bangêt gumêtêring atinira, ana ing ngarsaningsun boya duwe kuwatir.

--- 9 ---

Sămba: nuwun, mila wontên ing jawi langkung gêtêring manah, saking wantêring timbalanipun ingkang sinuhun, rumaos manawi badhe kadhawuhan dêduka, dumugi wontên ing ngarsanipun ingkang sinuhun botên gadhah manah ingkang kuwatos, namung kumambang sakarsanipun ingkang sinuhun. Upami kadhawuhan dêduka, sampun ingkang sakit, sanadyan dumugi ing pêjah kula sandika anglampahi, suka dipun kurêbna wontên ing abahan, ing sawanci-wanci siyang dalu, kula sumăngga ing asta kêkalih têmbung tadhah mastaka.

Krêsna: kulup, kêjêron tămpa, yèn sira kênaa ing dosa gêdhe, wênang ingsun apura, manawa dosa pati, ora tumêka ing lara, paribasan wus ana: sagalak-galakaneya ula, ora ana ula nyathèk buntute dhewe. Sagalak-galakane macan, ora ana macan măngsa anake dhewe. Ananging iya bênêr, sapa yogane kang anjunjung kaluhuraning karaton ingsun, anjaba sira kang pantês. Mula sira ingsun timbali, ora ana kang prayoga, kang ingsun karsakake imbal pangandika, akèh bocah Dwarawati, kang pantês amung sira.

Sămba: Nuwun, saking rumaos kula taksih mudha punggung, botên langkung kula namung nyaosakên bodho balilu.

Krêsna: Iya, kulup. Ananging pangandikaningsun manawa tanpa

--- 10 ---

lêlawanan, paribasane: wong amêrang tanpa landhêsan, mulane sira ingsun timbali, bakal bawahane adhimu Si Rara Sitisari lan Si Irawan, kurang pirang dina, pangruktinira bakal pondhokan dhayoh apa uwis rampung.

Sămba: Nuwun, badhe bawahanipun putra sampeyan pun rara, saking pangandika ingkang sampun kadhawuhakên, wontên ing dintên Rêspati Manis ngajêng punika, petang kula kirang 25 dintên. Pandamêl kula pasanggrahan badhe pamondhokan tamu sampun rampung, ingkang taksih malampah kagarap kantun rêrênggan salêbêting alun-alun, tuwin salêbêt kori brajanala, lami-laminipun kantun padamêlan sadasa dintên rampung.

Lajêng pathêtan, satêlasing pathêtan, kyai dhalang angucapakên:

Kunêng ing pasewakan, eca anggènira sami imbal wacana, kasaru orêging pasowanan Jawi, swaraning kawula kadi gabah dipun intêri, mawuting kawula alit kadi jêbug sinêmburakên.

Kêpyak mungêl kaping tiga, lajêng Ayak-ayakan, radi sêsêg. Radèn Satyaki mêdal ing alun-alun, tan samar paningale manawi kang raka Prabu Baladewa kang rawuh, kèndêl wontên ing gladhag munggèng dipăngga. Gamêlan jantur, Radèn Satyaki marêpêki Prabu Baladewa.

--- 11 ---

Baladewa: Arya, iki dina pasewakan, kakangamu yayi prabu mêtu siniwaka apa ora.

Satyaki: Nuwun inggih, rayi sampeyan siniwaka. Sumăngga, kakang prabu, kados prayogi lajêng kemawon.

Baladewa: Iya, ariya, bênêr ora ngapa, nanging bêcike kowe matura yayi prabu, yèn aku têka, ngiras aku anjêrumake Si Puspadênta, sarta anggaringake kringêt.

Gamêlan sêsêg, Satyaki wangsul ngarsaning Prabu Krêsna, suwuk.

Krêsna: Apa, arya, kang dadi orêge paseban ngalun-alun. Apa ana dêdosan kang ucul saka pawarangkan, apa gajah mêta macan marojol saka ing krangkèng.

Satyaki: Nuwun, kauningana, kang dados orêgipun pasowan jawi, raka jêngandika raka prabu ing Mandura rawuh.

Krêsna: Arya, aja kasuwèn, kakang prabu aturana ambanjur.

Wêdalipun Sêtyaki namung pathêtan kemawon, têlasing pathêt.

Satyaki: Kakang prabu, kula sampun matur rayi sampeyan, panjênêngan sampeyan kaaturan lajêng kemawon.

--- 12 ---

[Grafik]

Prabu Baladewa

Lêbêtipun Prabu Baladewa mungêl gêndhing. Sarêng dumugi sitinggil, sang prabu kalih sami rêrangkulan. Wayang tumancêp gamêlan lajêng jantur, kyai dhalang carita:

--- 13 ---

Wau ta rawuhipun wong agung Mandura sarêng dumugi sangajênging undhak-undhakan sitinggil, wong agung Dwarawati trangginas tumurun saking dhêdhampar, wong agung Mandura miyat kang rayi tumurun saking dhêdhampar, ginêlak lampahe kadi tan napak siti, praptèng ngarsanipun ingkang rayi gapyuk sami arêrangkulan, ngantos sapandurat, wantuning lami botên apêpanggihan. Kawula kang sami sewaka miyat solahe wong agung kalih, kumênyut manahira, kadi tumuta rêrangkulan, wêkasan dados bingah ing manahipun, mêwahi sunaring pasewakan, saking prabawane kathah kang bingah. Wong agung kalih sampun lênggah satata, sami sênên-sinênênan, Prabu Krêsna sênênipun kadi waja ginêbêg, Prabu Baladewa sênênipun kadi suwasa dipun sêpuhi, sirna kamanungsane lir pendah Hyang Wisnu lan Basuki kang angejawantah. Gêndhing minggah lajêng suwuk, lajêng pathêtan, satêlasing pathêtan ada-ada.

Krêsna: Katuran panakrama, kakang prabu, sarawuhipun wontên nagari Dwarawati.

Baladewa: Iya, sih panakramane yayi prabu tumêka ing aku tak tampani tangan loro, tak usapake prênaja lumuntura marang pangkon, angimbuhana bawa lêksanane si kakang. Pangèstuku marang yayi prabu.

Krêsna: Inggih nuwun, kula pundhi timbalanipun kakang prabu.

--- 14 ---

Sămba: Sêmbah sungkêm kula sèwu katur uwa aji.

Baladewa: Iya, radèn, pangèstuku mênyang kowe.

Sămba: Pangèstunipun wa aji kula pundhi mastaka dadosa jimat, dados têguh kayuwanan, mêwahana cahya.

Krêsna: Ing sarawuhipun kakang prabu, andadosakên gitaning manah kula, amargi dèrèng kaparingan sumêrêp rumiyin, kawrat ing nawala patra utawi cundhaka rare pakathik.

Baladewa: Iya, yayi, layak dadi gitane yayi prabu, nanging ta karêpku aja mangkono, nêtêpana bêbasan roroning atunggal, Dwarawati ya Mandura, Mandura ya Dwarawati. Mêngko ta, lakuku iki diutus yayi Prabu Ngastina, bêktine katura yayi prabu, kapindho nutugake panuwune ngarêp, anggone sumêdya ngumpulake balung kang pisah, ngaturake pakathik punakawan, putrane ing Sarojabinangun, dadia juru kêbon utawa angêrok jaran titihane yayi prabu, wurunga[5] Siti Sêndari, dhaupa lan Sitisari.

Krêsna: Inggih nuwun, kula tampèni asta kêkalih, pintên banggi kula sagêd ngaturi lêlintu para nyai, dados juru dang, juru panutu wontên ing Ngastina.

Baladewa: Aku nyaritakake lakuku ana ing dalan, satêkaku ing talatah Dwarawati, wong cilik akèh

--- 15 ---

pating balêbêr, salah panggraitaku, dakkira ana parangmuka kang nêkani, lakune Puspadênta dakgêlakake, têkan sajabaning nagara, wong cilik isih padha anggaru maluku, dadi adhême atiku, sumawana têkaku ngarêpe yayi prabu akèh wong nambut gawe, gamêlan angrangin, sakati angantêg-antêg, sêmune yayi prabu kaya bakal anêmoni gawe, apa yayi prabu andhaupake santana utawa punakawan kêkasih.

Lajêng pathêtan, têlasing pathêtan:

Krêsna: Kawuningana, kakang prabu, kula badhe ambawahi panggihipun Sitisari kalihan Irawan.

Prabu Baladewa duka, lajêng ada-ada, kyai dhalang carita:

Wong agung ing Mandura miyarsa ature kang rayi kaya sinêbit talingane, idêp mangada-ada, kumukus padoning netra, kang lathi kumêjot, jaja bang mawinga-winga, sinabêta mêrang sagèdhèng: bêl, dadi gêni, kaya nuwêka wong kang tanpa dosa padha sanalika. Marêngi satêngahe mucang, wantêring duka sadak ginêgêt-gêgêt.

Baladewa: Apa lupute pun kakang, yayi prabu arêp ambawahi pangantèn, gêdhe rêrêmbugan, cilik awèh sumurup, têka ora.

Krêsna: Kawuningana, sarèhning taksih kirang 25 dintên, kula [ku...]

--- 16 ---

[...la] dèrèng ngantos ngaturi uninga, wondene pirêmbag, tiyang sampun dados badhami, nalika Irawan madêg ratu nama Prabu Gambir Anom, kakang prabu inggih sampun angidini.

Baladewa: Iya têka bênêr, yayi prabu, aku kang kêlalèn, ananging rêmbug tak udhari, Sitisari tak jaluk tak dhaupake karo Lêksmana Măndrakumara, pira wragading bawahan: aku dhewe, măngsa ngêntèkna pangajining susuh rong guwa. Ana nêpsune sanak Pandhawa, yayi prabu aja milu-milu, kêtêmua ing aku dhewe.

Lajêng pathêtan sastradatan, kyai dhalang carita:

Wau ta wong agung ing Dwarawati, tan kewran anggène momong panggalihe ingkang raka, yèn ngunandikaa: wakane yèn lagi ana kang disênêngi, ngilangake kabêcikane sanak lawas, yèn ta diwangsulana, wong wis dadi watake, mundhak tuwas-tuwas, upama bêndungan bêdhah, arêp dipampêt sanalika, wuwuh gawe nora bêcik, iya jaba diturut bae.

Krêsna: Nuwun, karsanipun kaka prabu ingkang makatên wau, saèstunipun kula kumambang, drêmi kula anak-anak, purba wisesa kula sumăngga kakang prabu.

Lajêng pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta wong agung Mandura, nalika linawan pangandika ingkang rayi, lir anggane sarpa kapidak pêthite, panyathèke angiwa [a...]

--- 17 ---

[...ngiwa] nêngên, kadi jaksa kaêndhih pinardata, kathah pangandikane anggènira mamrih kalêgan ing galih.

Baladewa: La, mêngkono, yayi prabu, lêga rasaning atiku, pira budine wong lima. Wis, pun kakang banjur mêtu ing jaba prentah Si Pragota, marani pangantèn.

Krêsna: Punapa kakang prabu botên prayogi lêrêm ing kadhaton sakêdhap, bêboja kalihan rayi sampeyan: Jêmbawati, Rukmini, Sêtyaboma.

Baladewa: Ora, yayi prabu, boja suka katêmu ing buri, amburu kang prêlu dhisik.

Wêdalipun Prabu Mandura namung ada-ada, Krêsna kurmat jumênêng sarta nguntapakên antawis sadasa tindak.

Krêsna: Kulup, Sămba.

Sămba: Nuwun, punapa ingkang pangandika.

Krêsna: Kapriye karsane wakamu kakang prabu Mandura, kowe bakal duwe ipe Si Lêksmana.

Sămba: Nuwun inggih, nanging ta raosipun manah kula punika, manawi sumêrêp putra Ngastina, padharan kula lajêng mulês, trêkadhang masuk angin. Gêmpungipun manah kula, manawi mangangge tuwin sajakipun, kados tiyang bagus-bagusa, inggih, paman Sêtyaki. Măngga, manawi Lêksmana pênthêlang-pênthêlêng, wadhuke dipalêmbungake, sire, paman Pamênang.

--- 18 ---

yèn tumungkul gulune dibêdodongake, ulate ditajêmake, sire, adhi Plăngkawati. Malih, paman, manawi pinuju kula srawungan cêlak lênggah, manawi cantênan kalihan kula, mawi kèwês andhap sangêt, ngantos kados tiyang ngumpak, jêmpol tangan mawi megal-megol, manawi badhe cantênan lambe mawi dipun cincing-cincing, salêbêting manah kula: he, la, wong iki, apa magang tlèdhèk lanang. Mila wontên griya kula sok raosan kalihan sêlir kula: Aku yèn pinuju jagong barêngan putra Ngastina, cêdhak linggih, atiku ora pati rêna, bungah dijaluki dhuwit limang sèn.

Krêsna: Kuwe kêpriye, wong diajak caturan, dumadak salewengan ngêcipris, iba diwudhonana karo pamanamu.

Sămba: Nuwun inggih, atur kula ing kangjêng rama, cariyos kula dhatêng paman Sêtyaki, namung sayêktosipun kemawon, botên mawi angindhaki, bokmanawi malah taksih kirang.

Krêsna: Iya wis têka bênêr têmên kabèh, aja sêpata, ta. Balik wis dadi karsane wakamu, aku wis miturut, apa kowe bakal duwe karêp dhewe.

Sămba: We, la, punika sakêthi botên, kula nyuwun dhawuh ingkang badhe kula lampahi.

Krêsna: Kowe mênyanga Madukara, sebaa pamanamu, sing

--- 19 ---

kaya dolan karêpmu dhewe, yèn wis caturan liya, sawatara suwe, lagi kowe tutura tak kongkon murungake têmuning pangantèn, aja dadi atine pamanamu, kowe kang pintêr, aja kaya bocah.

Lajêng Ayak-ayakan, sang prabu jêngkar. Dumugi sajawining gapura srimanganti, suwuk, lajêng pathêtan. Kyai dhalang carita:

Wau ta wong agung Dwarawati karsa kondur ing kadhaton, ngagêm canela tinarètès ing kumala, sinongsongan krêtas kuning mubyar pinarada, ginarêbêg para biyada, manggung palara-lara, wênèh sami angupacara, kinêbutan êlaring manyura kanan kering, tindak macan ngêlèh, lembehan mêrak kasimpar, tinon saking mandrawa, kadi pangantèn arsa pinanggihakên, anganti paripurnaning pangantèn wadon. Sang prabu kèndêl samadyaning kori srimanganti, sungkawaning driya sinamur miyat rêngganing gapura, pucaking wiwara sinungan maniking banyu, watara ana satiganing ăngsa, mila yèn pêtêngan kaya padhang bulan, yèn padhang bulan kaya raina, nanging wontên kang dadya panêngêran, pucaking gapura sinung sêngkêraning paksi jiwa-jiwa, saking sabrang pinangkane, yèn kumpul trêsondha lamun latri, yèn pisah trêsondha lamun siyang. Inêbing kori kang jawi, dèn ukir gupala rineka Cingkarabala, Balaupata, nyêpêng

--- 20 ---

pêdhang tamèng, netra kumala dèn rambuti kawat, dèn ilat-ilati sêngkêlat abang, grana jinara têrus, ingisenan kombang lanang wadon, manawi binuka, jêthoting kori, kagèting kombang, brêngêngêng-brêngêngêng kaya amêdhanga gapyuk. Inêb kang nglêbêt sinungan gêdhah tanpa rasa, mawi gambar lanang lan wadon sami endah warnane, rineka Kamajaya lan Ratih, yèn mênga kaya bedhang kacurnan, yèn minêb kaya bedhang lagi samayan. Kiwa têngêning kori sinung rêrupan kang gumrêmêt, labur kang kinarya, wasise kang angreka, kaya bisa gumrêmêta dhewe. Wêdhining palataran cinampuran karikil akik watu maspir, sinampar para biyada, kadi lintang alihan, utawa konang bêburon.

Sang prabu nulya miji parêkan, kadhawuhan matêdhani wuninga dhumatêng ingkang garwa.

2. Kadhatonan.

Mungêl gêndhing Kadukmanis, wayang ingkang mêdal: Limbuk, Jèmblèk, êmban, inya parêkan, Dèwi Jêmbawati, Rukmini, Sêtyaboma. Gamêlan lajêng kajantur, kyai dhalang carita:

Nêngna ingkang wontên ing dhatulaya, gupit măndragini, iya ing gêdhong mayangarum, punika pramèswarine wong agung

--- 21 ---

ing Dwarawati, samya endah warnane, karêngga ing busana, garwa ingkang sêpuh Kusuma Ratu Jêmbawati, wanodya saking pratapan Gadamadana, atmajaning dwijawara Kapi Jêmbawan. Garwa panêngah Dèwi Sêtyaboma, putri ing Lesanpura, putrane Prabu Sêtyajit, dados kalihan kang raka taksih kang rayi nak-sanak. Garwa kang waruju Dèwi Rukmini, putri ing Kumbina, putrane Prabu Bismaka, sami lênggah dèn ayap sawancining para biyada, manggung palara-lara, srimpi badhaya, kang padha ijo pêpilinge, rompyoh-rompyoh sêsinome, muyuh dênta payudarane. Yèn cinăndraa warnane pramèswari katiga, luwih rupa kurang căndra. Ing ngriku sawêg marêngi kalangênan mariksani ukêling srimpi badhaya, andungkap wancining sang nata angadhaton, bêksaning srimpi badhaya sami kèndêl, amila garwa katiga sami ngayun-ayun kondurira sang nata.

Gêndhing minggah, Prabu Krêsna ngadhaton, para garwa sami mêthuk sajawining kori prabasuyasa, ingkang kinanthi sang prabu namung Dèwi Jêmbawati, lajêng sami lênggah satata, gamêlan suwuk, lajêng pathêtan.

Jêmbawati: Kula nuwun, sinuhun ngantos dangu anggènipun siniwaka wontên ing jawi, punapa mawi nimbali para putra, tuwin bupati pangarsa, wontên panggalihan ingkang awigatos, [awigato...]

--- 22 ---

[...s,] mugi kula kapajarana, kajawi ingkang pancèn botên kenging kawêdharakên, saèstu kula botên kêdah mirêng.

Krêsna: Iya Jêmbawati, sadurunge sawise wis tak pikir, ana ing pasewakan aku sêmbèn caturan lan anak para Si Sămba, pagawean bakal bawahane pangantèn. Ora suwe kakang Prabu Mandura rawuh angêndhoni rêmbug kang uwis katamtokake, angêncêngi catur kang anyar. Damar mancung, Jêmbawati, wis cupêta samene bae, ora pantês krungu ing akèh.

Jêmbawati: Sapunika raka jêngandika Sinuhun Mandura lêrêm ing pundi, dene botên têdhak kadhaton.

Krêsna: Kakang prabu banjur têdhak magêlaran, prentah-prentah marang Si Pragota, banjur lêrêp ing pasanggrahan. Kowe cawisa dupa ana ing sanggar panêpèn, aku bakal mêmuja nyuwun pitulunging dewa kang linuwih.

3. Paseban jawi.

Sang prabu lajêng jêngkar saking palênggahan, saha para garwa, namung pathêtan kaloloran, mungêl gêndhing sêmukiran, wayang ingkang mêdal: Prabu Baladewa, Sămba, Pragota, Prabawa. Gamêlan lajêng kajantur, kyai dhalang carita:

Nêngna ingkang wontên pasowan jawi, wong agung ing Mandura, lênggah ing pagêlaran sangajênging bangsal pangrawit kapara mangetan. [mangeta...]

--- 23 ---

[...n.] Radèn Sămba saunduripun saking sewaka lajêng sowan ingkang uwa, Prabu Baladewa lajêng angawe nimbali Rêkyana

[Grafik]

Patih Pragota.

Patih Pragota, êmban Prabawa, ingkang sami sowan ing pagêlaran jibêg apipitan botên wontên sêlane, ingkang [ing...]

--- 24 ---

[...kang] pancèn sowan bangsal pangrawit sami kaêndhih nglorog mangalèr, saking kawêwahan wadya ing Mandura, nanging tan wontên kaliru prênahe, panganggène wadya Mandura maneka warna, kang dodot rèjèng kumitir, tinon kadi singa-singa, wênèh ngangge prajuritan udhêng gilig sapupu gêngipun, cundhuk sêkar angsana têkan rone, pêndhok mas salorok, warăngka dhapur cara bali mawi têtopengan, ukiran rineka rajamala, maripat mirah, tinon mangah-mangah kadi nyakota lambung. Kang busana putih nunggil sami putih, kang cêmêng sami cêmêng, abrit sami abrit, kuning sami kuning. Kang putih kaya kontul nêba, kang irêng kaya dhandhang andon bangke, kang abang kaya nêdhênging kêmbang plasa ing wana, kang kuning kaya podhang rêraton. Solahe wadya Mandura kadi buta măngsa daging, upacara kapatihan sarta bupati nayaka ngantos ambalabar dumugi ngalun-alun, mangetan dumugi ing gledhegan kang wetan, mangilèn makatên ugi, mangalèr ngantos dumugi sajabaning pangurakan, maneka warnaning pangangge, tinon kadi kêmbang sataman.

Mangkana Rêkyana Patih Pragota, ingkang sampun sowan ngarsaning wong agung Mandura, mabukuh lênggahe, kadi age kadangua.

Gêndhing lajêng minggah, tigang gongan suwuk, lajêng ada-ada.

--- 25 ---

Baladewa: Radèn, durung suwe kowe nuli têka ngarêpku, apa dikongkon ramakamu.

Sămba: Nuwun, botên, namung sowan ngadhêp kemawon, wantunipun kula lami botên sowan wa aji, kangên kula dèrèng marêm, kalihan kula nyuwun pangèstu, badhe malampah dhatêng Madukara, kautus rayi sampeyan, andhawuhakên sandenipun panggihe pun Irawan.

Baladewa: Iya aku mangèstoni, lan apa kowe ora bungah duwe ipe calon ratu gêdhe, tandhingên karo Si Irawan, upama bobot kacèk pirang kati, yèn rêrêgan kacèk pangaji pira.

Sămba: Nuwun, manawi wawrat, Radèn Lêksmana Măndrakumara, kula timbang kalihan Si Irawan, kados manawi 20 kati kemawon wontên, pintên banggi langkung.

Baladewa: Layak ya mêngkono, nanging yèn lugune ji-luh misih luwih. Mara wilangên băndha-bandhu Pandhawa, lan bandhu-băndha Ngastina.

Sămba: O, kêlintu sêrêp.

Baladewa: Kêpriye ta caturku.

Sămba: Nuwun, kula, wa, ingkang kêlintu sêrêp, ingkang kula têksir ing wawrat, awakipun Si Irawan, kalihan sariranipun Radèn Mas Gusti Lêksmana Maondrakumara, kula [ku...]

--- 26 ---

[...la] jujug sawêg padharanipun kemawon, sarèhning Irawan kawon malênthu, bokmanawi kaot 5 kati piyambak, kathah radèn mas gusti, sabab Si Irawan kuru aking.

Baladewa: Kuwe bocah apa, wong dijak caturan têmênan, têka jêbul mangkono.

Sămba: Nuwun, unjuk kula punika sayêktosan, botên angunjukakên doran.

Baladewa: Iya bênêr, kowe ora mènèhake pacul mênyang aku, nanging kowe iku cubluk, durung bisa anggathukake upama. La, ya mara daktutugake kang dakupamakake majaji: priye pamikirmu.

Sămba: We, la, punika manawi pamanah kula sansaya gampil mawi sangêt.

Baladewa: Lo, durung-durung kok wis kăndha anggampangake, kok sumêlang atiku.

Sămba: Makatên, Si Irawan punika manawi pinuju pameran pêngpêngan, pangangènipun sapangadêg godhong kajêng, kathah-kathahipun pangaos 500 rispis, wangsul Radèn Gusti Lêksmana Maondrakumara, cundhuk jungkat pênyu plêngkung, tanggalan sami barlean, cundhuk mêntul, cundhuk teplokan, kancing gêlung barlean, jamang sumping kalung angsal cêngêl, kalung angsal kêris, kalung kadamêl sarempang, rante karsèt, [karsè...]

--- 27 ---

[...t,] cumanthèl rasukan, karsèt cumanthèl timang, karsèt cumanthèl januring timang, mawi barlean sadaya. La pintên èwu kemawon, măngka timang dèrèng, kêris dèrèng, supe dèrèng.

Baladewa: Wis, Sămba, uwis, dakkênyamake caturmu rada ora barès. Kowe mangkata mênyang Madukara saiki.

Sămba mundur saking ngarsanipun ingkang uwa, ada-ada.

Baladewa: Pragota, dikêpara ngarêp.

Pragota: Kula nok nok non, punapa ingkang dhawuh.

Baladewa: Kowe sumurupa, aku bakal mantu ana Dwarawati kene, pangantène bêndaramu Si Sitisari, dhaup lan bêndaramu ing Sarojabinangun. Yayi prabu sakarone mung sadrêma anak-anak.

Pragota: Kula nok nok non, nuwun inggih sandika, sampun lêrêsipun, panjênêngan katêmpuh sêpuh, măngsa ngantos nêlasakên tigang guwa.

Baladewa: Mulane, Pragota, saiki lumakua marang Ngastina, Lêksmana daksuwun, gawanên salakumu. Dene pacangane Sitisari olèh Irawan, dakwurungake, kowe banjur pradangdana. Aku durung masanggrahan, yèn kowe durung mangkat.

--- 28 ---

Pragota mêdal dhawuh ngambili kuda, ada-ada, lajêng budhal, gêndhingipun Kêbogiro, satêlasipun wadya Mandura, ngadêg Sămba.

[Grafik]

Patih Udawa.

--- 29 ---

Sămba: Udawa, apa wis rampung anggonmu ngabah-abahi jaran. Mara bocah gamêl dhawuhana ngajokake, lan kowe kèria, aja kurang prayitna.

Udawa: Nuwun sampun, nêdha kănca, titihan parang garudha ajokêna.

Majênging kapal ada-ada, lajêng Ayak-ayakan, Radèn Sămba mangkat. Lajêng kayon katancêbakên ngajêng balencong, pathêtan kêdhu. Kyai dhalang carita:

Wau ta lampahing wadya Mandura dhatêng Ngastina, klèbèting dwaja kêkăndha kadi wrêdu anggasasra, lir lintah sèwu munggèng ranu barêng kumêlap, swaranipun lir wrêsa canthoka, kadi kodhok kêbanyon.

Kocap sampun dumugi padhusunan têbih saking praja, sami kèndêl ngaso, sawênèh lukar rasukan, sawênèh ngimbir-imbirakên kuda, warna-warna solahing wadya kathah.

4. Adêgan ing Pamênang.

Mungêl gêndhing Dhandhun, wayang kang mêdal, Bima, Gathutkaca, gamêlan jantur, kyai dhalang carita:

Sigêg gênti kocapa, ingkang wontên ing Pamênang, sintên jêjuluking satriya, Radèn Bratasena, inggih Radèn Wrêkudara, Rêdèn Kusumayuda, inggih Radèn Bayutanaya, Radèn [Radè...]

--- 30 ---

[...n] Bima. Mila nama Radèn Bratasena, brata laku, sena amêngku, pranyata satriya amêngkoni sakabèhing laku. Mila jêjuluk Radèn Wrêkudara, dene satriya gagah prakosa. Mila jêjuluk Radèn Kusumayuda, benjang dadi kêkêmbanging bratayuda. Mila jêjuluk Radèn Bayutanaya, dene kapêndhêt putra ing Bathara Bayu. Mila jêjuluk Arya Bima, dene sakadangipun agêng inggil piyambak. Mila satriya mawi jêjuluk, anuhoni janjining Pandhawa, rusak siji kabèh ambelani, mukti siji kabèh milu ngrasakake, dèrèng sinêbut karaton, nanging karsane wong agung Ngamarta, sampun kawênangakên ngangge plataran wiyar, mawi waringin satancêp.

Punapa agêm-agêmane Radèn Wrêkudara, cundhuk mas rineka jaroting asêm, sumping mas rineka pudhak rinangkêp, tinatah blibar manggis, sêngkang bapang panunggul maniking banyu, kalung nagabănda, gêlang căndrakirana, padha bobote, watêke ora sih-sihên, dodot polèng bang bintulu adi, sawitan lan paningsête, lancingan baludru wilis tinutupan kancana, rineka garudha, winastanan pêporong. Kuku păncanaka, kuwasane luput wong têguh, mila karatoning nata Pandhawa kèria saeyubing payung, yèn misih Radèn Wrêkudara, botên sagêd bêdhah, pranyata Radèn Wrêkudara wêwadhah utawi wêwêngkuning nata Pandhawa.

--- 31 ---

Mangkana satriya Pamênang lênggah madyaning pandhapa, nimbali Radèn Gathutkaca, kadi-kadi dipun dangua. Gêndhing minggah sawatawis dipun suwuk, ada-ada.

[Grafik]

Radèn Wrêkudara.

--- 32 ---

Bima: Gathut, suwe raimu ora katon ngarêpku, minggat mênyang ngêndi.

Gathutkaca: Kawuningana, kula dipun timbali rayi sampeyan paman ing Madukara, kadhawuhan tumut nata pirantos badhe bawahan panggihipun Irawan.

Bima: Kurang pirang dina têmune Irawan.

Gathutkaca: Petang kula kirang tigalikur dina punika.

Bima: Saulihmu mau, pamanamu apa sing dirêmbug.

Gathutkaca: Kajawi mulang bêksaning wirèng, kang badhe kangge pasamuwan, pun Irawan kautus dhatêng Yasarata, paring sumêrêp.

Bima: Liyane Sêmar, sapa rewange Irawan.

Gathutkaca: Botên wontên.

Ada-ada.

Bima: Kapriye pamanamu, wong bocah arêp dadi pangantèn dadak dikongkon lungan adoh.

Gathutkaca: Sumăngga kemawon.

Bima: Wis susulên adhimu sing nganti kêtêmu, mulihe iringêna.

Gathutkaca: Sandika.

Lajêng mundur, gêndhing Ayak-ayakan radi sêsêg. Radèn Gathutkaca [Ga...]

--- 33 ---

[...thutkaca] sampun mêdal ing jawi, lajêng ada-ada, kyai dhalang carita:

Wau ta Radèn Gathutkaca, saunduripun saking ngarsane kang rama, enggal angrasuk busana. Apa busanane satriya prabu ing Pringgadani, jamang mas murub sungsun tiga, sumping mas rineka kananga ginubah surèngpati, gêlung supiturang, kasăngga ing praba, kancing gêlung kêncana rineka garudha mungkur, sinung tali udawala, ulur-ulur naga ngangrangan, kêlatbau nagaraja gêlang kana, kampuh sutra jingga tinulis parada rineka alas-alasan, paningsêt cindhe wilis, calana cindhe biru, kroncong suwasa rineka taksaka raja, uncal wastra uncal kancana.

Radèn Gathutkaca manawi badhe lumampah ngagêm tarumpah madukacrêma,[6] kuwasane bisa mabur tanpa êlar. Ngagêm caping basunănda, surya wanci têngah botên kêpanasên, wontên udan botên kodanan. Radèn Gathutkaca sampun cancut taliwănda, cancut arane wong acincing, kaubêdakên ing sarira, Radèn Gathutkaca nêpak bau, mancal siti kadi mandhêlong, lajêng anggayuh ing akasa.

Gamêlanipun sêsêg, Gathutkaca kèndêl, gamêlan suwuk, pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta lampahe Radèn Gathutkaca, napak ing gêgana

--- 34 ---

kadya dharatan, silêm ing mega biru, piyak ngarsa tangkêp wuri, cat katingal cat botên. Gêbyaring busana kasorotan ing baskara, kados kilat asêsiring. Satriya prabu ing Pringgadani karsa kèndêl ing mega malang, angajêngakên mega jodhog, mulat nganan ngering, ingkang rayi botên katingal, nuntên wontên sasmitaning dewa warni rare bajang kêkalih, kang satunggal ambêkta bathok bolu badhe nawu sagara, kang satunggal mandhi pêcut badhe anggiring barat. Radèn Gathutkaca ngunandika salêbêting wardaya:

Bocah bajang, kowe dakanggo pasanggiri, yèn tak pêraki ilang, mêsthi aku kêtêmu adhiku Irawan, yèn tak pêraki kowe isih, adhiku Irawan bakal ora katêmu.

5. Adêgan ing Jongbiraji.

Lajêng pathêtan, mungêl gêndhing Guntur, ingkang mêdal ratu danawa, dèn adhêp êmban danawa èstri, punggawa satunggal, gamêlan jantur, kyai dhalang carita:

Lah ing kana wau, wontên gêgêmpalaning carita, prajaning danawa dhêdhăngka wastane nagari ing Jongbiraji, sintên namane kang adhêdhăngka ing ngriku, Ditya Prabu Kurăndhagêni, samia [sa...]

--- 35 ---

[...mia]

[Grafik]

Prabu Kurăndhagêni.

--- 36 ---

ratu danawa langkung dening keringan, saking sakti măndraguna, sagêd manjing ajur ajèr, dêdêg sêmbada, gêng aluhur, yayah prabata siwi, netra kalih kadi surya kêmbar, grana kadi canthiking baita, tutuk pindha wiwaraning guwa, manawi sêgu kadi galudhug, manawi wahing kadi gêlap angampar, waja pindha kapurancang. Punapa agêm-agêmanipun sang prabu, têtopong binuka sri, jamang mas pinatik ing sêsotya măncawarna, sumping mas ginèpèng rineka gajah ngoling, sêngkang bapang panunggul hèr gêni, kancing rema kêncana rineka garudha mungkur, rema dipun ore dumugi wadidang, ulur-ulur naga ngangrangan, kêlatbau nagaraja, binggêl kêncana salêngên gêngipun, kampuh sutra jingga măngsa tulis parada rineka macan angop, uncal kancana uncal wastra, sirna wanguning raja ditya kadi Bathara Kala arsa nglêbur bumi, gêbyaring busana kasorotan diwangkara, kadi ardi kawêlagar.

Mangkana sang prabu lagya lênggah ing pandhapa, ginarêbêg para ditya parêkan, sang prabu lagya kèmêngan badra irawan, kalimput ing panggalih, kasmaran saking supêna astra lungiyan lan putri Dwarawati. Ingkang sowan cakêt, ditya èstri êmban Layarmega, bupati sêpuh: Kala Mingkalpa, sami lênggah mabukuh kadi enggal dipun dangua.

Gamêlan sêsêg, lajêng suwuk, ada-ada.

--- 37 ---

Raja ditya: Babo mirahe pun kakang dhewe, sapa duwe bojo wong cèthi-cèthi cuwiri, wong lindri-lindri mantêsi.

[Grafik]

Kala Mingkalpa.

Êmban Layar: Lae, gustiku, ênggèr, gustiku, ênggèr, wontên punapa, jog têdhak ing pandhapa tansah anggunggung-gunggung [anggunggung-gung...]

--- 38 ---

[...gung] ayuning wanodya, mawi cuwiri, mawi lindri, pantêsipun kados angudang-udang garwa, kuciwa wontên ing pasewakan.

Ratu ditya: Sapa duwe bojo wong kuning cumênthing, mèsêma sadlerengan, tak buntêle kunca ginawe sangu siniwaka. Puk puk nang clèrèt cêngèr êndhas kalong pating paruntus, wog wog kêthêkur.

Êmban Layar: Gustiku, mugi kadhawahna dhatêng kula punapa ingkang kinarsakakên, manawi kula sagêd minangkani, sampun kadi kaduk nginum waragang.

Ratu ditya: Dewoa, tulungana aku, yèn aku ora bisa dhaup lan putri Dwarawati, bungah aku sêndhalên mayang. Sarwi muwun.

Êmban Layar: Gustiku, ênggèr, kula aturi èngêt, sampun paduka muwun, botên sae, nyudakakên darajat, ambêdhêlakên kulit. Sang prabu èngêt.

Ratu ditya: Biyung, kowe apa wis suwe.

Êmban Layar: sadèrèngipun sinuhun lênggah, kula sampun marak, punapa awungu sare lajêng pungun-pungun.

Ratu ditya: Mêngkene, yung, kawite, aku ngimpi katêkan putri tanah Jawa, ing Dwarawati, jênênge Dèwi Sitisari, têkane nyuwun ngèngèr, dadia juru panêbah, aku iya arêp, layake ora nganti kangelan.

--- 39 ---

Êmban Layar: Warninipun kados punapa, gusti.

Ratu ditya: O, biyung, ayu nganggo bangêt. Kene ora ana kang mèmpêr. Gêlise banjur dakpondhong nyemot, tak ajak turu kasur glundhung, basa arêp tak turoni, dhadhaku digrauti, aku nglilir, kang ana kucing, banjur mlayu, iki dhadhaku isih bilur dicakari. Saka pandugaku sukmane putri Dwarawati nukma marang kucing. Kowe dandana, tak ajak mênyang Dwarawati.

Êmban Layar: Gustiku, ênggèr, manawi tiyang sakula supêna, punika sêkaripun tiyang tilêm, utawi eyang-eyang jêngandika botên wontên ingkang anggarwa tiyang Jawi, sabab nuhoni karsanipun dewa ingkang kawêkas, rasêksa dhaup kalihan rasêksi, putra kalihan putri, dewa widadari. Prayogi utusan anênitik rumiyin, sarta kabêktanan nawala, manawi kapanggih ingkang nama nagari Dwarawati, sêrat lajêng kaaturna, mêmanis ingkang pantês kawrat ing sêrat. Gusti kula kados botên kêkirangan.

Ratu ditya: Iya, yung, tak rasa kapenak caturmu, nadyan wadon, eling-eling wis akèh umure. Prentaha bocah juru tulis, lan kowe mijia bupati kang pitaya mundhi nawala.

--- 40 ---

Êmban layar parentah, lêbêting bupati buta, mungêl gêndhing Têmbung, lajêng jantur, kyai dhalang carita:

Wau ta lêbêtipun bupati danawa kang piniji saking pasowanipun, rupèpèh-rupèpèh kadi sata manggih krama, mêndhak anglir sata arsa matarangan. Wantuning danawa, sanadyan andhadhap, nanging pacakipun wagu. Sintên ta namaning bupati ditya, Kala Pragalba, agêng aluhur, tur sêmbada, tur têguh, tan wontên gaman kang tumama, tinatah mêndat, jinara mèntèr, tinumbak ngujiwat, binêdhil oncat. Tau tate ambêdhah nagari ambănda raja. Mangkana anggènipun sowan majêng ngarsaning palăngka, muka kadi konjêm ing siti, yèn ta wicantêna: apa karsane, dene wantêr têmên timbalane gustiku.

Gêndhing sêsêg, lajêng ada-ada, grêgêt saut.

Ratu ditya: Aja dadi atimu, sarèhning baturku akèh, ana laliku, apa kowe Si Kala Pragalba.

Pragalba: Inggih, kula pun Kala Pragalba, kawula lami awit bapa kaki. Langkung gugup ing manah kula, tampi dhawuhing timbalan majêng ing payunan.

Ratu ditya: Iya layak mêngkonoa, mula kowe tak timbali, aja kêtênta nampani ganjaran, kang bêbarêngan lan kancamu.

--- 41 ---

Pragalba: Nuwun botên, ganjaranipun gusti kula sampun mawantu-wantu, saengga botên kenging kula wical. Botên langkung kula namung cumadhong padamêlan, ingkang kalangkung awrat, suka katêmpuhakên ing rêdi waja, kacêgurakên ing samodra latu.

Ratu ditya: Bangêt bungahku kowe duwe prasêca sêmono. Kowe lumakua tak kongkon marang tanah Jawa, golèkana kang aran nagara Dwarawati, yèn wis kêtêmu, iki layangku aturna, surasane aku nyuwun putrane wadon kang aran Sitisari, sêmbahku aturna bapak maratuwa. Sajrone layang durung katampan, aja pisan kowe wani gawe rusak marang wong Dwarawati sapanunggalane tanah Jawa, cilike mêthik godhong sasuwèk, mutung pring salênjêr, aja takon dosa. Yèn layang wis katampan, panglamarku ditampani, brana Jongbiraji diangsua kaya banyu, diungsungana kaya wêdhi, aku awèh. Yèn panglamarku ditampik, jêrokna balowarti, ngukuhana kapurancang, gêgalaa prajurit, aku bakal têka nagara Dwarawati. Dene lakumu tak upamakake kowe ngambah gêni balubukan, panas undurana, adhêm trajangên. Yèn kowe mulih ora anggawa catur têrang, bakal dak owahi cagake êndhasmu. Kowe tak lilani anggawa bocah kang anggantung laku, lan aku

--- 42 ---

biyèn duwe bocah Jawa aran Lurah Togog, kanthinên, kêna kotari sakira.

[Grafik]

Kala Pragalba

Pragalba: Trang dhawahipun gusti, kalilana madal pasilan, kula nyuwun pangèstu amit pêjah.

--- 43 ---

Ratu ditya: Ora tak kon mati, kowe, tak kon pintêr, lêlungsène tak bêbakali.

Pragalba mundur sarta nyandhak nawala pinundhi. Ayak-ayakan sêsêg, dumugi ing jawi ngawe kancanipun kang nunggil damêl, Kala Pradêksa, Kala Gathuk. Gamêlan suwuk, suluk grêgêt saut.

Kala Pradêksa: Kakang Kala Pragalba katimbalan dhatêng ngajêngan, kula upamèkakên marta mina kata, marta toya, mina ulam, kyai raka kang tampi dhawuh, kula nyuwun kabar.

Kala Pragalba: Inggih, adhi, pun kakang nampani dhawuh, kautus dhatêng nagari Dwarawati sarta mundhi nawala, surasaning nawala anglamar putri nama Dèwi Sitisari, kula kalilan ambêkta kănca kang anggantung lampah, lan Lurah Togog kadhawuhan ambêkta.

Kala Pradêksa: Manawi makatên, kula andhèrèk.

Kala Gathuk: Kyai raka, kula inggih andhèrèk mawi sangêt.

Kala Pragalba: Iya si adhi kêbênêr mèlu.

Kala Pradêksa: Wangsul ingkang kula aturakên, dhawahipun ingkang sinuhun, ingkang nama nagari Dwarawati punapa sampun sumêrêp, prênah-prênahipun.

Kala Pragalba: Ênggih, adhi, pun kakang dèrèng sumêrêp.

--- 44 ---

Mila dhawuh andikakakên madosi ingkang ngantos kapanggih. Wêlingipun ijêman, salêbêting lampah dèrèng dumugi, sampun ngantos damêl risak tiyang tanah Jawi, alit mêthik godhong sasuwèk, mokah pring salênjêr, badhe kadhawuhan dêduka. Manawi sêrat sampun katur sinuhun ing Dwarawati, kale katampik, manawi pun kakang sakănca kuwagang ngrusak kalilan, yèn abot kalilan mundur.

Kala Pradêksa: Togog, dikapara ngarêp, ana gawe, kowe undhangana bocah buta.

Grêgêt saut, Ki Lurah Togog mêdal.

Togog: He, he, bocah karang kabutan, ilu-ilu, gandarwa, banaspati, êngklèk-êngklèk balung atandhak, kang padha dhêdhăngka guwa miring, kayu aèng, lêmah sangar, pagupakan warak, pakiponing mêrak, padha pradandana, andhèrèk pasisiran marang nagara Jawa.

Kyai dhalang carita:

Sasampunira Ki Lurah Togog undhang-undhang, lajêng nyandhak gêntha kêkêlèng, sarta gathita kang agêng salumbung, ginoyang salah măngsa, rêksasa kang griya lampahan sajam, sabêdhug sadintên: mirêng. Kang anggantung lampah enggal sami pradandan sikêp gêgaman. Punapa gêgamaning danawa: bindi,

--- 45 ---

gada, alugora, parasu, limpung, nanggala, srampang, tomara, suligi, candrasa.

Togog: Sampun kiyai, kula undhang-undhang bala danawa, ingkang têbih cêlak sampun dhatêng.

Kala Pradêksa: Iya, Lurah Togog, budhalna, kowe dadia pangarêp, tak pitaya misesani laku.

Lajêng budhal, gamêlan wayang tarung, lajêng suwuk. Lajêng pathêtan, kayon katancêbakên ngajêng balencong, kyai dhalang carita:

Wantuning kapara sanga, pêpêt sumbêr lêbum lêtuk tantang prana, gêgaman lir ampak-ampak, prabawaning danawa lumampah kairing barat, kados angrêbahna wrêksa, danawa agêng prabawanipun, nanging têbih kuwasanipun, sarta botên daya, ewadene padhusunan kang katrajang angin prabawa, kathah sakit rumab utawi gumigil.

Lajêng pathêtan malih, santun pathêt sanga, kyai dhalang carita malih:

Wau ta lampahing bala danawa, gorohe wong carita, enggalipun amunggêl kawi, têbih kinarya cêlak, kang cêlak katêbihakên. Kocap sampun dumugi wana talatah Dwarawati. Gantya kocapa kang wontên pratapan Yasarata.

--- 46 ---

6. Adêgan ing Pratapan Yasarata.

Mungêl gêndhing Bondhèt, wayang kang mêdal: pandhita, Irawan, Sêmar, Petruk, Nalagarèng. Gamêlan jantur, kyai dhalang carita:

Lah ing kana wau kang wontên pratapan Yasarata, ingaran padhepokan, inggih punika sasaning pandhita ulah tapa, sintên jêjuluking pandhita, nama Bagawan Jayawilapa, inggih Bagawan Kano, pranyata bêntur[7] tapane, matêng sêmadine, sidik paningale, têrus sabarang pangandikane, saking sampun êninging cipta.

Mangkana sang bagawan pinuju lênggah ing bale pacrabakan, ingadhêp para siswa, cantrik, wawasi, puthut, manguyu jêjanggan. Dèrèng dangu dènya lênggah, katamuan kang wayah, nama Bambang Irawan, inggih punika putranipun Dèwi Palupi, kairing wulucumbu punakawan tiga, Lurah Sêmar, Nalagarèng, Petruk. Kocapa sampun lami Bambang Irawan botên tuwi dhatêng Yasarata, mila kathah para endhang-endhang ingkang sami prapta angintip-intip wontên sajawining dhadhah, saking dènya sami kangên lami botên sumêrêp, labêt kacaryan saking bagusipun Bambang Irawan. Mangkana Bagawan Kano, yèn ngunandika salêbêting wardaya: apa baya prêlune bocah iki. Gêndhing minggah, suwuk, lajêng pathêtan.

--- 47 ---

Bagawan: Bagea kowe, padha bêcik satêkamu, Irawan.

Irawan: Kacadhong asta kêkalih, timbalanipun eyang, kula pundhi wontên mastaka, kacancang pucuking rema, dadosa jimat.

Bagawan: Ki Lurah Sêmar, kowe padha bêcik satêkamu.

Sêmar: Inggih nuwun, pakumbahan, kula pundhi wontên kuncung.

Bagawan: Lurah Nalagarèng, kowe padha bêcik.

Nalagarèng: Nun inggih, sami-sami.

Sêmar: Thole Nalagarèng, besuk manèh aja kok pindho, wong bagus. Apa kowe padha karo pakumbahan. Marènana, marènana.

Nalagarèng: Pamikirku wangsulan mangkono wis cukup.

Petruk: Iyah, ma, pring sapêndhoyot, măngsa tinggala dhapure. La wong anakmu rupane kaya pêntil pace mêngkono, beda karo putramu panjênênganku, sruwa agêng inggil. Jêngglang-jêngglang, kang mêsthi micara patitis.

Bagawan: Lurah Petruk.

Petruk: Gêthuk.

Bagawan: Padha bêcik satêkamu.

Petruk: Inggih gêthuk pohung.

--- 48 ---

Nalagarèng: Rama, mara rungokna wangsulane, apa mèmpêr karo sêngunge, sangsaya ngalor ngidul.

Sêmar: Pangrasamu kêpriye, Petruk, wangsulamu kaya mêngkono, beda têmên karo caturmu kang uwis.

Petruk: Mau pangrunguku mêngkene, Petruk doyanamu apa, aku ya mangsuli gêthuk. Gêthuk apa, gêthuk pohung. Apa aku matur bêskuit. Bok limang dina nèk ora tak êmut bae, sêbab gigi sudhah lari.

[Grafik]

Radèn Irawan.

Bagawan: Têkamu kene, Irawan, kautus karo kêng rama, apa karêpmu dhewe.

Irawan: Sapisan, kula lami botên sowan, kaping [ka...]

--- 49 ---

[...ping] kalih kautus kangjêng rama, ngaturakên pisantunipun eyang awarni sarung kalihan badhe rasukan.

Bagawan: I, la iki, suwargane wong duwe anak wadon kapundhut ing priyayi. Iya bangêt panuwunku.

Irawan: Punapa malih kula dipun utus ngaturi uninga, manawi putra jêngandika badhe miwaha putra jalu, putra jêngandika nyuwun pangèstu.

Pathêtan.

Bagawan: Mêngko, ta, rèhning radèn iku, putrane aku durung têrang kabèh wêruhku, putra kakung patutan saka ngêndi, jênênge sapa, besane ngêndi.

Irawan: Kula botên kawêling, sumăngga eyang.

Bagawan: Kok rada mambu ati, caturmu. Ki Lurah Sêmar kêpriye, yêktine kang dadi dhawuhe radèn utawa anane kana, aku caritanana.

Sêmar: Inggih, panêmbahan, pamirêng kula inggih wayah sampeyan punika kang badhe dados jantenan, angsal putri Jaratmati, nama Dèwi Podhisari.

Bagawan: I, kalinganeya kadhayohan bakal pangantèn. Yèn mangkono aku bangêt pamujaku, nyênyuwun dewa kang kawêkas, bisane lêstari kalakon.

Petruk: Nalagarèng, si rama kuwe dipriksa apa.

--- 50 ---

Nalagarèng: La pêngrungumu kêpriye, wong padha duwe kuping, sarta cêdhak.

Petruk: E, mêngkene, Rèng, yèn si rama dipriksa kang malingi ing gadhing, layak ora dadi apa, manawa dipriksa prakara kècu Nglawiyan, ora wurung aku kèmbèt mèlu tămpa ganjaran kalung wêsi.

Nalagarèng: La caturamu iku rak kaya wong panas awake, budhêga kupingmu, matamu apa ora mêlèk.

Petruk: Rèng, tak kandhani, lèhku suda prungu iki sêpele jalarane.

Nalagarèng: Kêpriye jalarane, aku critanana.

Petruk: Wis ta, ora murwat bangêt.

Nalagarèng: Iya, ta, kêpriye, manawa aku bisa nambani, utawa budidaya golèk dhukun.

Petruk: Rèng, mêngkene jalarane, rina wêngi kupingku kuwe kaya krungu tambur, ora lara nanging sêdhih atiku. Adhimu tutur: Bapakne Koniyah, kupingmu kuwe rak kêlêbon sêmut. Wangsulaku: Yèn sêmut gampang bae, sêmut kuwe doyanane iwak dhèndhèng, banjur kupingku tak lêboni iwak dhèndhèng. Karêpku, yèn sêmute wis nyakot dhèndhèng, tak gèndèng mêsthi katut. Di ana adhimu biyangne Koniyah, dhèndhèng banjur dijêjêlake kupingku babar pisan, [pisa...]

--- 51 ---

[...n,] swara sing kaya tambur mênêng, ning kupingku sisih wis ora krungu apa-apa. Wis, nèk mêngkono, byangne Koniyah, golèkna tikus, cik bèn anggondhol dhèndhèng. Rikate: tikus olèh, dilêbokake mênyang kupingku, blêng, ya kok banjur dhiem bae, ora bali, la kuwe rasane kupingku lara, sarta pijêr krungu bêdhug bae, kiraku tikus nêdya yasa plat ana ngutêg. La kuwe adhimu nêpsu, banjur nyêkêl kucing, clathune: Wis, bapakne Koniyah, kupingmu kang sisihe tak lêbonane kucing.

Sêmar: E, wong bagus, wong bagus, bok aja kaya mêngkono, dumèh bisa clathu, ora duwe duga-duga.

Petruk: Srêngên, ya srêngên, ma, aja pênthêlêngan, matamu mundhak kaya upêt.

Sêmar: Sapa wonge kang ora srêngên, pangrasamu iki ana ngêndi.

Petruk: Ana kantor.

Sêmar: La sing linggih marêp mrene kae sapa.

Petruk: Kyai pangulu.

Sêmar: Ngarêpku iki sapa.

Petruk: Mantri gripir, la kowe sakitane.

Sêmar ngadêg, Petruk dipun têkak: Saya andaluya, apa panêmbahan wingi ngubêngake jăntra.

--- 52 ---

Pathêtan.

Bagawan: Irawan, yèn mêngkono kowe bêgja kêmayangan, dene dhaup lan putri Dwarawati, awit saka cêtha jăngka iladuni, sinuhun ing Dwarawati iku katitisan Bathara Wisnu. Iya, ta, sukur bage sèwu sakêthi jumurung, rina aku ngurangi pangan, bêngi aku ngurangi turu, angimbuhana rahayune awakmu, lan aku mêkas, yèn wus kalakon dhaup, kang bisa momong wong wadon, dene kowe olèh putraning ratu, aja tok jêjêgake lanangmu, lan kang bisa suwita maratuwa, karana manawa ana lupute caturmu sakêcap, lakumu satindak, kowe kêna dosa kaping pindho, sapisan dosa ing ratu, kapindho dosa marang maratuwa, manawa kabênêran patrapmu, iya tămpa ganjaran rangkêp, rupaning rangkêp, ginawe beda lan kang akèh-akèh.

Irawan: Nuwun inggih, timbalanipun eyang kula pundhi, sarta angsala pangèstunipun eyang, kaganjara èngêtan ingkang sae.

Bagawan: wis ta, kowe tak tundhung mulih, saiki aja pamitan, pitung tindak aja nolèh, ana beka watêke ora dadi ngapa.

Pathêtan.

--- 53 ---

Bagawan: Ki Lurah Sêmar, kowe momong anakmu kang pintêr, tak upamakake kartawadana, karta araning gajah, wadana araning srati, gajahe anakmu, sratine kowe, yèn ana lakune kang luput, kowe kang wani anggendholi, yèn lakune wis bênêr lajunên.

Sêmar: Inggih pakumbahan, sagêda ngèstokakên dhawah sampeyan. Kula kalilana bêsorat-bêsorèt, kalilan nyuwun impês. Wis, Nalagarèng pamitana, aku pijêr kamithotholên.

Nalagarèng: Nuwun, nuwun, nuwun.

Bagawan: Apa, Nalagarèng, matamu mlèrèk, suwe ora clathu-clathu, mara tutura.

Nalagarèng: Nuwun, nuwun, manawi parêng kula nyuwun Sêtu, manawi botên parêng inggih Ngahatipun. Petruk, ora binjuh, pamitana.

Petruk: Itu Nalagarèng, dhia punya rupa sêpêrti berak sudhah dhêlapan taun baru kluwar sêkarang, têmtu lain sama saya, bisa bicara têrang dan cêpêt.

Nuwun panêmbahan, manawi parêng kula mugi sampeyan sênèni.

Bagawan: Kapriye, Petruk, wong ora luput kok anjaluk disênèni, sanadyan luputa sakira, tak apura.

--- 54 ---

Petruk, gumuyu: Cuh, o, la, salah tămpa.

Bagawan: Aja gumuyu, aku surupna caturmu.

[Grafik]

Petruk.

Petruk: Nun inggih, mila kula nyuwun Sênènipun, Sêtu Ngahat sampun kasuwun Nalagarèng.

--- 55 ---

Petruk mundur, gamêlan Ayak-ayakan. Dumugi sajawining pratapan, Irawan kèndêl, gamêlan suwuk.

Irawan: Kapriye, wa, sapungkurku, wêlinge eyang.

Sêmar: Inggih, makatên dhawahipun yang jandika. Sêmar, kowe kang bisa momong anakmu, tak upamakake kartawadana, karta tajah,[8] wadana gajah.

Irawan: Kapriye kok dhumpyuk gajah kabèh.

Sêmar: Wikana, kula wong tuwa suda krungu. Nalagarèng sing nom, pripun pangrungune.

Nalagarèng: Besuk manèh anglèngna pamirêngmu, aja kok krêta gajah, wêdana gajah, iku dhompo.

Sêmar: Iya ta, wong bagus, bênêre kêpriye.

Nalagarèng: Besuk manèh aja tok pindho, rama. Krêta gajah, wêdana gajah, iku dhumpyuk.

Sêmar: Yiya ta dhasar dhumpyuk, kowe kêpriye.

Nalagarèng: Rama, besuk manèh aja tok ping têlu, krêta gajah, wêdana gajah, iku jumbuh.

Sêmar: Wis bênêr aku luput, la kowe kêpriye.

Petruk: Rama, aja kok banjurake pêtakonmu, bok nganti sesuk, Nalagarèng wangsulane mêngkono bae. Kang ngrungu têrang rak aku, mêngkene clathune simbah. Sêmar, kowe krêta wadana, krêta, ta, iku [i...]

--- 56 ---

[...ku] mata, wêdana, wa, iku warangan, matamu warangana.

Irawan mangkat, gamêlan Ayak-ayakan, lajêng jantur.

Kocap, malampah dumugi pinggir padhusunan, para endhang sambiwara kang sami badhe dhatêng pêkên kathah ingkang sami anjêjawat.

Bakul sinjang: I, tobil, pari gêmadhung iki ole ijo royo-royo, la mbok dadi pariku mêngkono ijone, măngsa tak kakênthangna, rak tak dokok sênthong bae.

Nyai-nyai bakul kapas: Êmbok ngantèn, catur dika niku nglêngkara, tandur lagi gêmadhung dika êlih ngomah, napa kêna dika lontar.

Bakul sinjang: Lah dika niku, nyai, wong êmpun tuwa, kêpungkur sing anu-anu, rèhning dika êmpun wungkuk, mlaku tumungkul, botên ngingêtake kiwa têngên, mung dalan. Catur kula mung dika wangsuli saka pangrunguning kuping, yèn dika nolèha manêngên, ênggih wêruh kêplasing catur kula.

Nyai bakul kapuk nolèh manêngên, sumêrêp Bambang Irawan gumuyu ngèkèk: Kalinganeya bok ngantèn, anjawat wong liwat, kula kira tanduran pari-pari lugu. Bênêr dika, wêdhus mêkotên niku, êmpun sing nyrudug, dikosodana mawon êmpun sêgêr.

--- 57 ---

Bakul grabadan: E, tobil, pêlêm kuwe, biyête, iba bungahe kang duwe tanduran.

Bakul kalithik: E, e, e, la ênggih, bibèkne, kula duwea kang anjalêkêthit mêkotên, kula kauli, kula dokok paturon sabên dina, botên kula prêdi pagawean, kula adhêpi napa doyanane.

Grabadan: Nèkne kula botên, duwea kang kaya mêkotên, kaul kula botên ambêkan pitung dina.

Klithik: Wong botên ambêkan pitung dina jênèh modir.

Tiyang mas-masan: Măngga, radèn, sami kèndêl kalihan kula. Punapa botên sayah.

Tiyang kuwadean: Radèn, kula aturi kèndêl sakêdhap, kula aturi sês tuwin anggantèn.

Gamêlan suwuk, Irawan kèndêl sajawining wana. Kyai dhalang nyariyosakên ungêling pêksi tuwin buron wana kang wontên ing wit-witan. Radèn Irawan karênan kang galih mirêng pêksi prêkutut, panggalih kadi botên wontên ing wana, lajêng ada-ada, Irawan malêbêt ing wana, kyai dhalang carita malih:

Lampahipun Bambang Irawan wontên ing wana, sato galak sami mire andhêpès, kang alit sami kabêrasat, malêbêt dhatêng ing bêbondhotan, wênèh anjog ing jêjurang,

--- 58 ---

alingan padhas gêmpal, sela, wrêksa ingkang agêng. Pêksi-pêksi esthane kadi mayungi, kaya mangkana sato wana yèn sagêda tata jalma: aja ana wani cêdhak utawa sikara marang Bambang Irawan, iku trahing kusuma, rêmbêsing madu, wijile wong atapa, tur kinasihan ing dewa, durung andêmak, kowe sida dipêpurak.

7. Pêrang sêkar

Gêlise wong amunggêl kawi, gorohe wong carita. Mungêl gêndhing Jangkrik Genggong, wayang kang mêdal danawa tiga, lajêng anjantur, kyai dhalang carita:

Sèbêt, wau ta ingkang wontên marga catur, marga dêdalan, catur papat, ingkang kèndêl wontên dalan prapatan, danawa cundaka ing Jongbiraji, gêgêr sami apacak baris, bupati danawa ingkang dados pangajênging duta têtiga, satunggal Tumênggung Kala Pragalba, kalih Tumênggung Kala Pradêksa, tiga Tumênggung Kala Gathuk, sami gêdhig manggalaning paprangan, têguh, têguh, nate susur cèkèl biring lanang, sinosog gudebag cêcêg-cêcêg cacing kanil. Mila kèndêl ing dalan prapatan, sabab sami bingung, pêksane yèn wontên tiyang liwat badhe dipun takèni, sarta lajêng apasang gawar, para tiyang

--- 59 ---

liwat saking katêbihan sami ajrih, gamêlan lajêng suwuk, ada-ada grêgêt saut.

Pragalba: Adhi Kala Pradêksa, kêpripun laku niki, jêbul dadi buta sapirang-pirang, padha bingung, botên olèh patakonan.

[Grafik]

Kala Gathuk.

Pradêksa: Inggih, kyai raka, rèhning ngambah wana agêng,

--- 60 ---

manawi anglangkahi oyod mimang. Yèn botêna makatên, masa, danawa samantên sami nandhang bingung sadaya, ingkang mêsthi wontên ingkang sumêrêp ing purug.

Pragalba: Bênêr pandugane si adhi, ananging kira kula ontên duta cilik kang salah gawe têng wong desa, dadi rupane ngêlirake[9] dhawuhing gusti, utawa kêna prabawa alate ratu tanah Jawa, karana pangrungu kula kabar, ratu tanah Jawa niku botên digdaya, sarta gêgamane cilik-cilik, nanging padha mandi, sarta duwe prabawa pangapêsaning mungsuh. Niku lagi kabar.

Pradêksa: Inggih, ki raka, tiyang sawêg pawartos, manawi kula totên[10] sumêrêp piyambak, kula dèrèng ngandêl.

Pragalba: Pun kakang ênggih mêkatên, miris saking pawarta, masa wania mêtu saka ngomah.

Lajêng ada-ada, kyai dhalang carita:

Wau ta bupati dênawa eca sami pagunêman, kasaru dhatêngipun Lurah Togog, dumarojog tanpa larapan. Gamêlan kados wayang tarung, suwuk, lajêng ada-ada.

Pradêksa: Ana apa, Togog, têka tanpa tak timbali ambêkanmu rêrênggosan.

Togog: Inggih, kyai lurah, kula ngaturakên duta panglawung.

--- 61 ---

Pradêksa: Têka bisa kowe duwe catur kang mangkono. Apa ana rajatatu, apa ana rajapati.

Togog: Inggih, kyai lurah, wontên tiyang langkung, warnanipun bagus, sêmunipun raja sinatriya, dipun iring punakawan têtiga, sami ambêsur, kula êndhêg botên purun, malah kula dipun dulang blêthok.

[Grafik]

Togog.

Pradêksa: Gêdhe dhuwure sapira, Gog, apa ngungkuli karo kancaku bupati iki. Bagus êndi karo aku, dene kowe gunggung.

Togog: Agêng inggilipun pidêksa, sruwa sêdhêngan, manawi tiyang Jawi, katimbang kalihan dênawa, dênawa upami singa, ngrika kidang, dene baguse, nèk kula sing mastani: gih bagus sampeyan, nanging lanjar nom, akèh sing dhêmên ngrika, kula sumăngga.

--- 62 ---

Pradêksa: Kyai raka, manawi parêng tiyang badhe kula prêpêki, yèn kenging kula sanak, supados têdah margi, manawi botên kenging, inggih kula cêpêng sarta kula wasesa.

Pragalba: Iya, adhi mung sing ngati-ati, aja kaya bocah.

Gamêlan kados wayang tarung, dênawa dumugi ênggèning Irawan, suwuk, ada-ada.

Pradêksa: Wong liwoat, mandhêga, mandhêga, aku ora gêndhak sikara, sumêdya nyanak, sapa jênêngmu, ngêndi omahmu, arêp lunga mênyang ngêndi.

Kasêlan suluk Astakuswala, namung gêndèr, kêpyak lirih.

Irawan: Sato sabawa, sapa aranmu, ngêndi dhangkamu.

Sêmar: Thole, Nalagarèng, Petruk, ngarêp iki ana apa, rame-rame.

Nalagarèng: Rama, kiraku cêdhak pasar, manawa ana wong nyêbrot sruwal.

Petruk: Klèru, Rèng, pêthèkmu kuwe, kiraku dara diandhêg agèn, diarani anggawa apyun.

Sêmar dumugi ênggèning Irawan: We brêg ugêg-ugêg, ana buntêl wêl-wêlan, rewange kang Togrog,[11] katara kuwe ngiringake. Thole Nalagarèng, ana buta, tunggale Pringgadani biyèn.

--- 63 ---

Nalagarèng dhatêng: Withi, sara wilah, ikêt wilah, klambi wilah, bêbêt wilah, sabuk wilah, andum wilah, gadho wilah gobrah-gobrah, iki aku wêruh buta.

Pradêksa: Bêndarane bagus, bature kok kêplorod kêplere, sing lêmu gajihe mêtu mata, apa kêbirèn. Sing kuru kaya bugêl kayu kopi pating brênggèl.

Petruk dhatêng: Ut, jagad dewa bathara ana dupa, klèng, klèng, klèng, klong klang klang klong, klong kling klong klung, gla ênong gyah, nong ngênong gyah, buta cakil mêtu, buta cakil mêtu, galak, galak, galak.

Pradêksa: O, la, ana manèh, dhuwur cucut, têka têka banjur gêgerongan, polatane ana lanang lanang kok kewat, wadona dak arani sundêl.

Petruk: Nun inggih, kangmas buta cakil, sami lujêng mawon. Sarawuh sampeyan ing wisma canthangbalungan. Ngantos lami botên rawuh mriki, kadospundi, kangmas buta cakil, anggèn kula mêling pindhang kikil, tempe bungkil, inthil dipun krawu amril.

Togog: Ki lurah, ki lurah, sampun sampeyan sêlanggapi tiyang glanyongan, mindhak nyamah slira sampeyan.

Pradêksa: Iya, pantèn, aja kok kira aku sato

--- 64 ---

sabawa, aku buta tumênggung, utusane Prabu Kurondhagêni, ing Jongbiraji, jênêngku Kala Pradêksa, kowe sapa.

Irawan: Aku Irawan, saka gunung Yasarata, arêp mênyang Ngamarta.

Pradêksa: Aku nyanak karo kowe, tuduhna nagara Dwarawati, aku iki diutus gustiku ngaturake layang panglamar.

Irawan: Aku ora gêlêm, kowe balia bae.

Togog: Kyai lurah, ngatos-atos, pandugi kula pacanganipun, kok kadugi mangsulakên lampah sampeyan.

Pradêksa: Yèn ora gêlêm tak sanak, kowe lakumu nêrak gawar kêkênthêng kêna ing larangan.

Irawan: Sapa gawe larangan ing têngah alas.

Pradêksa: Iya aku dhewe, gêlunganmu supit urang cinandhirêngga, cèndhèk[12] ngarêp dhuwur buri, sêsumping akêkalung, gandarmu kêmalon abang, ukiranmu tunggaksêmi, iku anggon-anggone gustiku, kabèh tak jaluk, muliha wêwuda.

Irawan: Aja kowe salah pangucap. Mara rampasên panganggoku.

Pradêksa: Togog, wong siji ardalepa, tak cêkêle golèka tali.

--- 65 ---

[Grafik]

Kala Pradêksa.

Gamêlan mungêl, Kala Pradêksa nubruk, dipun tapuk pasunipun, sêmaput ngantos kaloyoran, èngêt lajêng mara angrukêt, Radèn Irawan kalangkung kêsit, tinubruk ngiwa nêngên, malumpat dumugi wingking, dênawa dipun trancag gêgêripun karungkêb, [ka...]

--- 66 ---

[...rungkêb,] sawêg anjènggèl, pundhakipun dipun jêjêg, dangu-dangu dênawa sangsaya tutut, dênawa saengga kadamêl kalangênan, danawa mlajêng gamêlan suwuk, grêgêt saut.

Pragalba majêng: Adhi, mirea, dak rundhuke saka kene, kêna dak cêkêl măngsa bisaa obah.

Gamêlan mungêl malih, tandangipun Radèn Irawan inggih kados nginggil wau. Gamêlan suwuk, ada-ada, Gathutkaca mêdal ing jumantara, miling-miling kadi jangkung, midêr-midêr kadi undêr.

Gathutkaca: Ngisor blêdug iki apa, apa kêbo gudagan, apa bocah angon padha êcu.

Radèn Gathutkaca saya mangandhap: He, la, bocah kêrêngan. Êlo, lawanane buta, wong nganggo kêris, la mbok butane disuduk. Iki mlayu-mlayu, Si Petruk. E, adhiku Irawan, aja-aja, ana sanake.

Gamêlan mungêl malih, dênawa dipun jogi saking nginggil, anggundam, dipun sambêri bingung polahing danawa, lajêng kenging cinandhak êndhasipun, dipun untir, dênawa pêjah. Gathutkaca kèndêl lênggah, ada-ada, Petruk dhatêng.

Petruk: Nun, bêndara rawuh, punapa sampun dangu.

Gathut: Durung suwe, lagi têka bae.

Petruk: Ingkang mêjahi danawa wau sintên.

Gathut: Iya aku.

--- 67 ---

Petruk: Bêndaraku, (sarwi ngrangkul bangkekan) pêjahipun dipun punapakakên.

Gathut: Ngisor cangklakan dak pipit dhêngkul, gulune tak puntir.

Petruk: Bêndaraku, (sarwi ngrangkul bangkekan) nuwun, kalawau miyos pundi.

Gathut: Mêtu dhuwur bae, kaya sabên.

Petruk: Bêndaraku, (inggih mawi ngrangkul malih) kalawau dalu miyos pundi. Lèr punapa kidul.

Gathut: Aku mêtu lor.

Petruk: Tawon bau Cina, têtingalan punapa kathah saha rame.

Gathut: Aja ngrangkul manèh, wong edan, kringêtmu ambune prêngus, ababmu kaya kakus, butane bae sumbarana.

Petruk: Nun inggih sandika. He, he, dupa-dupa, kowe jênêngmu sapa.

Kala Gathuk: Aku Tumênggung Kala Gathuk.

Petruk andhawah kalihan gumuyu kapingkêl-pingkêl, sarwi mijêti wêtêng. O, la, kathik ana buta mêngkono rupane digawe tumênggung. E, la, murah wong Jawa, larang

--- 68 ---

buta, rupa kaya sranduning klêmuk dadi tumênggung. Kang mênggung apa digdaya.

[Grafik]

Radèn Arya Gathutkaca.

Kala Gathuk: Mêsthi, tau dikrubut têlu papat mênang.

--- 69 ---

Petruk: Kang Mênggung Kala Gathuk, tela, apa kowe doyan.

Kala Gathuk: Doyan apa manèh, wong enak.

Petruk: He, he, kaya aku.

Gathut: Petruk, minggat, aja ana ngarêpku, dikongkon nyumbari dumadak gojèg.

Petruk dipun jêngkangakên, karungkêb, ada-ada palaran.

Kala Gathuk: Iya, aja kowe girang-girang, kang ala rupane, cobanên, kêna tak galundhungi pêpês balungmu.

Gamêlan lajêng mungêl, pêrangan, dênawa têtiga sami pêjah dening Radèn Gathutkaca, kantun kang alit-alit sami lumajêng ngungsi gêsang, ada-ada palaran.

Lurah Togog: He, he, satriya, kowe matèni utusan, apa kowe wani karo gustiku.

Gathut: Iya besuk, saiki aku wani.

Togog: Iya, dhandhang tak unèkake kontul.

Gamêlan mungêl Ayak-ayakan, Gathutkaca pêpanggihan lan Irawan. Suwuk, pathêtan.

Irawan: Katuran panakrama, sarawuh sampeyan kakang mas, ingkang mêjahi dênawa punapa inggih kangmas.

--- 70 ---

Gathut: Dak trima panakramane si adhi, dene kang matèni buta iya aku.

Irawan: Saklangkung panuwun kula, kapinuju kangmas tumuntên rawuh. Iya, wa Sêmar, aku iki păncakara padha siji bae durung tau, măngka kinêmbulan buta akèh, katujune ana kangmas ing Pringgadani. Iki suwargane wong duwe sadulur lanang.

Gathut: Iya, adhi, aja tok kalamari dhadhung rambut, ta wis dhèngêr, yèn trah Saptaarga dhasar mêngkono. Diwancah anggone mangan, karo diwancah anggone paprangan, bungah diwancah anggone mangan, karêpe pun kakang: yèn ta wong nêmbe kana, manawa trah Pandhawa kudu rukun, mukti padha ngrasakake, nêmu papa padha bela. Lakuku iki dikongkon wakamu nusul kowe, kang nganti katêmu, banjure mulih marang Madukara, karana saulihku saka Madukara, aku didangu uwakamu, aku matur manawa diutus mênyang Yasarata, wakamu duka marang paman, digalih ora duwe duga-duga. Wis, adhi, ayo padha mulih, nanging aku mêngko ora seba paman, banjur mulih mênyang Pamênang, supaya lêga galihe wakmu.

--- 71 ---

8. Adêgan ing Madukara

Gamêlan mungêl Ayak-ayakan, satriya kalih mangkat, gamêlan suwuk, pathêtan. Mungêl gêndhing Songgèng, wayang kang mêdal: Arjuna, Sumbadra, Srikandhi, katamuan Sămba, lajêng jantur, kyai dhalang carita:

Lah ing kana ta wau, ingkang wontên nagari Madukara, mila kasatriyan kasêbut nagari, dènya sampun kawênangakên amêngku plataran wiyar, sarta waringin satancêp, sintên ta jêjuluking raja sinatriya, Radèn Pramadi, inggih Dananjaya, inggih Janaka, inggih Rêjuna, inggih Prabu Kariti, inggih Radèn Parta, inggih Radèn Jahnawisuta. Mila jêjuluk Radèn Pramadi, dene panêngahing Pandhawa. Arjuna: toya wêning wontên wadhah. Dananjaya: kaprawiranipun kadamêl dêdana. Prabu Kariti: lêlananging jagad. Jahnawiputra: dene putraning Dèwi Kunthi, inggih Dèwi Jahnawi. Radèn Parta: kapundhut putra dening Dèwi Parta. Radèn Dananjaya ukêl rineka supiturang, andhap ngajêng inggil wingking, sumping mas ginubah rineka sêkaring gadhung, ngagêm kampuh limar kinanthi, sawitan paningsêtipun, sêngkang kancana rineka sêkar lombok sapêlik, sinung panunggul hèr gêni, sênênipun Radèn Arjuna kados pêputrèn kêncana binabar.

Ing mangke lagya lênggah samadyaning pandhapa, dipun parak sakathahing [saka...]

--- 72 ---

[...thahing] para manggung badhaya cèthi parêkan, ingkang cêlak ing palênggahan garwa kêkalih, ingkang sêpuh putri saking Mandura, Kusumaning Ayu Dèwi Wara Sumbadra, inggih Bratajaya, inggih Panulika, munggèng kanan kapara wuri, garwa nèm putri Campalarêja, Kusumaning Ayu Rêtna Dèwi Srikandhi, sami endah ing warninipun, Rêtna Wara Sumbadra kaduk luruh, Rêtna wara Srikandhi kaduk ambarabak, mila lênggahipun munggèng kering kapara majêng, kacarita nuju katamuan putra ing Dwarawati Radèn Sămba, yèn ta ngunandikaa Radèn Dananjaya: ana prêlune apa bocah iki, dene wus cêdhak ing gawe nganggo têka mrene.

[Grafik]

Wara Sumbadra.

Gêndhing minggah lajêng suwuk, pathêtan.

Arjuna: Bagea, radèn, satêkamu ana ing Madukara, padha bêcik.

Sămba: Nuwun, kacadhong asta kalih timbalanipun paman, [pama...]

--- 73 ---

[...n,] kula pundhi mastaka dadosa jimat. Sêmbah sungkêm kula konjuka paman.

Garwa kalih sami ambagèkakên kados ing nginggil.

Arjuna: Sathithik ana kagète atiku, dene pagawean wis cêdhak, kowe têka. Gawemu dhewe apa diutus kakang prabu.

Sămba: Nuwun inggih, pisowan kula punika, amargi sampun lami botên sowan, dados radi kamicêngklungên, lami-lami ingkang kula kangêni sansaya kathah, rumiyin paman kalihan bibi sakalihan, tumuntên pun adhi Ăngkawijaya, wêwah malih pun Siti Sêndari. Adatipun sawulan kaping tiga kula sowan mriki, sarêng badhe wontên damêl, sampun kalih wulan botên sowan paman.

Arjuna: Iya, radèn, bangêt bungahku, aku ya samono uga, manawa kowe lawas ora mrene, tak arêp-arêp, utawa tak wrêtak-wrêtakake. Ananging têkamu saiki pantês-pantêse anggawa rêmbug, awit aku lan kowe, dina iki lagi padha mikir pagawean kang mêsthi bakal dilakoni.

Pathêt Sastradatan.

Sămba sêrêt aturipun: Nuwun inggih, paman, ila-ila punapa manawi kula ngunthêta rêmbug, dados badhe dora.

--- 74 ---

kalihan raka jêngandika tuwin paman. Makatên dhawuhipun raka jêngandika: Sămba, kowe mênyanga Madukara, kayaa dolan karêpmu dhewe, yèn wis katon padhang langite pamanamu, kowe tutura tak kongkon, pangèstuku paringna mênyang pamanmu sabojo anake, aja dadi atine, bakal têmune Irawan lan Sitisari, tak undurake, kang kagungan karsa wakamu kakang Prabu Mandura.

[Grafik]

Radèn Janaka.

Arjuna: Iya, radèn, bangêt panuwunku, aja sing diklamari tampar, rambuta aku rak wis dhèngêr, aja kang aran diundurake, salagya diwurungake, ora dadi garantêse atiku. Sapa aku, aja kang lagi dadi rêrancangan, sanadyan kang wis dadi, kaya ta Si Ăngkawijaya, sumawana aku, dipêgatake ora dadi ngapa.

--- 75 ---

Pathêtan Talutur.

Sămba kumêmbêng waspanipun, aturipun sansaya sêrêt: Tiyang sêpuh kula, paman, wêlingipun raka jêngandika kangjêng rama: mung aja dadi susahe atine pamanmu, aja pangling mênyang wêwatêkane kakangane Mandura.

Arjuna: Iya ta, ora-orane lara atiku, utawa nêpsu. Wis ta, radèn, kowe muliha, manawa diajêng-ajêng karo kakang prabu, sêmbahku aturna, apa kang dadi dhawuhe aturku nuwun, lan Madukara ora ana apa-apa.

Sămba mundur, pathêtan.

Arjuna: Bocah wadon, timbalana bêndaramu radèn pangantèn sabojone, saiki, yèn turu gugahên.

Pathêthan, parêkan andhawuhakên, mungêl gêndhing Găndakusuma, Radèn Ăngkawijaya sakalihan garwa sami majêng, lajêng jantur, kyai dhalang carita:

Wau ta majêngipun Radèn Abimanyu kalihan ingkang garwa Kusumaning Ayu Dèwi Siti Sêndari, tansah ambondhèt ingkang raka, lir angganing mimi lan mintuna, botên kenging bênggang sanyari, ingkang kakung bagus, ingkang putri ayu, sawêg nêdhêng sami apêpasihan, tinon saking mandrawa, sang putra lan sang putri kadi pradapa kanginan, ingkang sami mulat lamlamên, saênggèn-ênggèn [saênggèn-êng...]

--- 76 ---

[...gèn] tansah dipun ayap ing para êmban inya parêkan lan cèthi, dumugi ngarsanipun ingkang rama lajêng sami lênggah, sanadyan wiyar panggenaning lênggah, ewadene Dèwi Siti Sêndari tansah andhêsêk ingkang raka, para parêkan kang sami ningali kathah kang sami kamitênggêngên, wênèh cangkêmipun malongo, kalêbêtan lalêr lajêng kasêlak watuk, dipun gablogi kalihan rencangipun linggih.

Mangkana ta yèn ngunandikaa Radèn Abimanyu: Apa baya dhawuhe kangjêng rama, têka wantêr têmên timbalane.

Gindhing[13] minggah lajêng suwuk, pathêtan.

Arjuna: Radèn pangantèn, kowe mau lagi apa.

Abimanyu: Sawêg tangi tilêm.

Arjuna: Kapenak mukti têmên, wayah mene tangi turu. Pèk mêngkonone iya têka bênêr, wong pangantèn anyar, ora ana kang dipikir. Radèn ayu pangantèn apa iya turu.

Sêndari: Inggih, paman, sawêg tangi tilêm.

Arjuna: Iya ta, gèr, bênêr wong ayu, sing tuwa nglakoni kangelane, anak sing ngrasakake muktine. Radèn pangantèn apa wis tisna bari bojomu.

Abimanyu: Nuwun inggih, rêmên kula manawi katingala wujudipun, agêngipun sarêdi.

--- 77 ---

Arjuna: La, radèn ayu pangantèn kapriye, apa ya wis tisna karo lakimu.

Sêndari: Inggih, paman, tisna, namung sakuku irêng.

[Grafik]

Radèn Abimanyu.

Arjuna: Lo, kapriye ta, têka akèh têmên kacèke. Gunung karo kuku.

Sêndari: Inggih, pamanah kula, sanadyan agêng rêdi, kenging jugrug utawi luntur botên sagêd pulih, wangsul cêmênging kuku, dipun kêthoki sontên, enjing pulih.

Arjuna gumujêng kalihan ngandika malih: Kowe radèn pangantèn, wis tak tekoni tisnamu marang bojo, tisna sarta panganggêpmu mênyang aku kapriye.

--- 78 ---

Abimanyu: Tisna kula dhatêng kangjêng rama saengga toya banawi mili botên kêndhat, panganggêp tula[14] gurunadi.

Arjuna: Kapriye têgêse gurunadi.

Abimanyu: Punapa sapiwulangipun kula èstokakên, punapa sapakènipun kula lampahi.

Arjuna: Caturmu kang samono iku apa ora mung lamis bae.

Abimanyu: Punapaa kula mawi kumapurun matur lamis, kalangkung kathah kajrihan kula.

Arjuna: Upamane kowe tak kon nêrak gêni gêdhe, nyêmplung banyu kang jêro, apa gêlêm anglakoni.

Abimanyu: Inggih sandika kula lampahi, sampun ingkang dhatêng sakit, sanadyan dumugi pêjah kula sandika anglampahi.

Arjuna: Iya ta, aku bungah, nanging caturmu iku abot, lan manawa satriya trah Saptaarga, kudu ngantêpi, sarta ngurêbi basane kang wis kawêtu. La, radèn ayu pangantèn kapriye.

Sêndari: Inggih, paman, kula tiyang èstri, paribasanipun: swarga nunut, kados upaminipun kula sêsarah, putra sampeyan ingkang minăngka banawi, lampahing sêsarah manut sailinipun toya banawi.

--- 79 ---

Arjuna: Kulup, aku duwe prentah mênyang kowe, saiki kowe pêgatana karo bojomu. Rara Siti Sêndari, kowe muliha mênyang Dwarawati, wong kowe putraning ratu, diwêngku anaking satriya ora pantês, dadi kêna diarani nistha.

Lajêng pathêtan talutur.

Wau ta Radèn Abimanyu, sarêng mirêngakên pangandikanipun ingkang rama, muka kados konjêm ing siti, waspanipun kumêmbêng, yèn ngunandikaa salêbêting wardaya: kapriye karsane kangjêng rama. Dèwi Siti Sêndari inggih makatên ugi: kapriye karsane kangjêng paman, luputku apa. Anggènipun ambondhèt ingkang raka sansaya kêkah.

Arjuna: Kapriye, diprentahi ora sumaur, ora ngadêg. Jamak rak banjur malêbu ngomah kana, kang wadon muliha mênyang Dwarawati.

Pathêtan talutur malih.

Mangkono Radèn Abimanyu sakalihan ingkang garwa, dipun ngandikani ingkang rama mawali-wali, botên sagêd matur tansah sarikuktan[15] angusapi waspa.

Arjuna: Kuwe ora manut parentahku, apa nganti kowe tak larak. Bocah wadon, bêndaramu kang lanang ajakên mênyang dalêm, kang wadon iringna mênyang Dwarawati.

--- 80 ---

Parêkan matur: Nuwun inggih, gusti, kawuningana, putra jêngandika radèn ayu taksih ambondhèti poncot paningsêt langkung kêkah.

Arjuna: Êlo, têka wangkal, kowe ora kalakon mêgat bojomu, dudu anaking Janaka.

Radèn Abimanyu mirêng ngandikanipun ingkang rama, enggal narik curiga, poncoting paningsêt dipun tigas, curiga dipun sarungakên, Radèn Abimanyu kalêmpêr, para parêkan kinèn ambayang dhatêng pasarean. Pathêtan talutur.

Dèwi Siti Sêndari mundur palarapan, sarta wadananipun dipun tutupi kasêmêkan. Dèwi Wara Sumbadra mirêng dukanipun ingkang raka, morot saking palênggahan lajêng dhatêng pasarean. Dèwi Wara Srikandhi lajêng ambêngok muwun sarwi anggablogi jaja: i, ora kayaa, kangjêng paran, dosane apa anakku si kulup. Duka ora tulus duka. Lontrong-lontrong kesah saking palênggahan dhatêng ing gadri dalêm wingking, asta dipun rêmêt-rêmêt, kasêmêkan lukar, ukêlipun lukar botên kagalih, namung jêrit-jêrit anggablogi jaja. Kapriye ta, iki, atiku kok kaku. Kuwe ora ana bocah wadon, dikrocok, dikêpruk, disambêr gêlap mêngkap-mêngkap. Kowe matamu ora mêlèk, aku nangis, atiku kaku, jukukna klasa karo

--- 81 ---

bantal, tak gawene gulungan. Rema dipun awut-awut, lênggah ngalosod kalihan salonjor, lajêng dhawuh kinèn damêl rujak, (namung carita).

Kocap radèn Arjuna kantun anggana tinilar para garwa, lênggahipun mingsêr angajêngakên dalêm.

[Grafik]

Wara Srikandhi.

Arjuna: Bocah wadon, bêndaramu radèn ayu mau padha mênyang ngêndi.

Parêkan: Nuwun inggih, gusti, bêndara radèn ayu ingkang sêpuh malêbêt kamar sare mujung, bandara radèn ayu ingkang ênèm taksih muwun, sarean wontên gadri măndragini.

Arjuna: Bêndaramu radèn pangantèn apa wis sarèh, yèn isih kaku atine, sangisore kêkulung ati pêtêlna, yèn wis landhung napase, sikile pijêtên, yèn wis turu tinggalên, lêlandhêp padha singkirna, lawang kancingên saka jaba.

--- 82 ---

Parêkan: Nuwun inggih, pamanah kula, putra jêngandika sampun sarèh kados lajêng sare.

Lajêng pathêtan, Irawan dhatêng, anjujug pungkurane ingkang rama, dipun tingali ingkang rama duka, lajêng wangsul.

Irawan: Wa Sêmar, kangjêng rama sêmune duka, aku arêp sowan cêdhak wêdi.

Sêmar: Inggih jawi kula ingkang matur.

Lurah Sêmar majêng kalihan têtêmbangan: Kula dhatêng | kula dhatêng | kula dhatêng | kula dhatêng | anak kula dhatêng | bêndara kula dhatêng ||

Arjuna: Bocah punakawan, plataran kuwe, apa matane ora idhêp, ana wêdhus munggah pandhapa ditog bae.

Sêmar: E, la, duka têmênan, kyaine.

Sêmar lajêng mundur, Nalagarèng, kowe gênti majua.

Nalagarèng majêng inggih têtêmbangan: Kula prapta | kula prapta | kula prapta | kula prapta | ala kula prapta | bêndara kula prapta ||

Arjuna: Punakawan, kuwe matane ora mêlèk, ana mêri munggah pandhapa kok didêlêng bae.

Nalagarèng: We, la, duka têmênan, bêndaraku, enak mundur. Nuwun rama jêngandika duka èstu.

Petruk: Jaba aku tandhinge Radèn Jênang Năngka, nèk nêsu

--- 83 ---

sok ngamun-amun, didhèndhènga dibênêma, rak iya sing luput basa dhing têka sangkan-sangkan, mèlu disrêngêni apa bênêr, pirangbara diwènèhi sêga putih iwak akih, orane la mbok ulat sing bêcik. Mêngko, Rèng, tak maju, tak gawe gora-gadha, bêndara kuwe gêthingane sok wong botohan.

Petruk majêng wontên pojok pandhapi, lajêng jêlèh-jêlèh: Ora sapa padha krêtu ana ngregol kuwe, dene padha ora idhêp wêdi.

[Grafik]

Lurah Sêmar.

Arjuna nolih: Sapa, Petruk, kang padha krêtu, timbalana mrene, tak slênthikane kupinge.

Petruk: Nun inggih, sampun kesah, sarêng putra sampeyan dhatêng, kang sami krêtu bibar.

Arjuna: Saiki Irawan wis têka, mara timbalana.

--- 84 ---

Irawan majêng, pathêtan.

Arjuna: Padha bêcik satêkamu.

Irawan: Nuwun inggih, pangèstunipun kangjêng rama kula pundhi, kula sampun kautus sowan ing paman jêngandika eyang, maringakên pasantun sinjang kalihan rasukan, tuwin maringi sumêrêp kangjêng rama badhe miwaha putra, eyang sangêt panuwunipun, saha bingah. Sarèhning botên sagêd sowan mariki, namung ngaturakên panjurung puja sêmadi.

Arjuna: Iya ta, bangêt bungahku, kowe sumurupa, bak ayumu Siti Sêndari tak kongkon mênyang Dwarawati, nanging ana wêkasku kang kêlalèn, bak ayumu kon matur sinuhun ing Dwarawati, biyèn aku simpên wêsi pêpêlikan, banjur tak gawe kêris dhapur carita kaprabon, saiki wis dadi, tak pikir bakal tak anggo tumuli, aku kelingan, biyèn sinuhun kagungan calon warăngka, kayu cêndhanasari, encok kêmbang kêndhit putih, iku tak suwun, arêp tak anjingi kêrisku babaran anyar. Kowe ngiringna bok ayumu tumêka Dwarawati, sarta apa pituduhe lakonana. Nuli mangkata.

Irawan: Nuwun inggih sandika.

Arjuna: Kakang Sêmar, sak anakmu kowe ngiringna.

--- 85 ---

Sêmar: Inggih sandika. Ayo, Nalagarèng, Petruk padha mangkat.

Nalagarèng: Iya, ma, yo.

Petruk: Ma, aku nyuwun pamit, ora bisa andhèrèk.

Sêmar: Pamitmu apa.

Petruk: Pamitku arêp kadhêmên, wiwite besuk Slasa, jam sawêlas kawinan, sorene banjur têmu.

Sêmar: Kawuningana, punika Petruk pamit, benjing Slasa kasrêpên, jam sêwêlas kawinan, sontênipun panggih.

Arjuna: Iya, kakang, Petruk lagi kadhêmên, iya pênging mèlu, mêngko tak tambanane wêsi abang, yèn dinyonyok wêsi abang ora krasa, iya têmên kadhêmên, manawa isèh anjingkat iya pancèn goroh.

Petruk: Lo, Radèn Jênang Năngka kuwe ole nyêngit, manawa clathu la mbok sing kaya mangkono kuwi dinyonyok [di...]

--- 86 ---

[...nyonyok] upêt, apa ora anjingkat, ayo mêtua, yèn kowe arêp ngayoni dhêndhayuda, cacah-cucuh, sawiyah-wiyah.

Garèng: Petruk, kowe kuwi mêndêm, apa andalêming.

Petruk: Ora andalêming, dhasar aku mêndêm, huwèk, aku mêndêm, huwèk, aku mêndêm.

Garèng: Rama, anakmu kiye, bok kok pijêti, aku tak golèk banyu asêm.

Petruk: Êmoh aku nèk ditambani banyu asêm, jaluk wedang bubuk bae rong mangkok, wênyêdana klèlèt sakêmiri.

Irawan: Kangjêng rama, kula nyuwun pangèstu.

Irawan mangkat, gamêlan Ayak-ayakan, Arjuna dhatêng dalêm anyêlaki kamar pasareanipun Radèn Abimanyu, gamêlan suwuk.

Arjuna: Kulup, Ăngkawijaya, ora ana banène, turu apa mêlèk.

Abimanyu: Nuwun, kula botên tilêm.

Arjuna: Mêtua, kulup, kene tak ajak caturan.

Abimanyu mêdal, pathêtan.

Arjuna: Kulup, tak sawang bangêt susahmu, apa kowe wis tisna karo bojomu.

--- 87 ---

Abimanyu: Kula botên sagêd matur, namung andhèrèk karsanipun kangjêng rama.

Arjuna: Anakku, kulup, iya ta, dhasar mung tak gawe sintrèn. Wis ayo padha seba wakamu ing Ngamarta, wong cêdhak aja anggawa batur akèh-akèh.

Lajêng mangkat, gamêlan Ayak-ayakan, gêntos anglampahakên Siti Sêndari, gamêlan jantur, kyai dhalang carita:

Wau ta lampahipun kusumaning ayu Dèwi Siti Sêndari, mundur saking ngarsane ingkang paman sumaput paningalira, kados botêna anapak siti, wadana dipun tutupi poncoting kasêmêkan, waspanipun adrês marawayan, panggalih kadi dipun rujit-rujit, yèn ta ngunandikaa salêbêting wardaya: kapriye dadine lêlakone awakku.

Kocap sampun dumugi sajawining kutha Madukara, lajêng kèndêl sangandhaping mandira. Gamêlan suwuk, pathêtan.

Siti Sêndari: Biyung êmban, kene tak lèrèn nginang sadhela, mêngko yèn wis sarèh atiku padha mlaku manèh.

Êmban: Nuwun inggih, gusti, sanadyan panggalih sakalangkung rêntêng, sagêdipun sarèh kalawan dipun pupus, kêkirangan punapa gusti kula.

Sêndari: Iya, biyung, iki rasane wong dadi wadon, yèn lagi didhêmêni, akèh wong padha kêpengin, basa

--- 88 ---

ora didhêmêni, susahe tak sandhang dhewe, nanging kagète atiku, dene aku rumasa ora duwe luput.

Êmban: Inggih, gusti, kasinggihan, bilih panjênêngan sampeyan botên kagungan lêpat, kula ngaturakên cariyosing pamirêng kula kalawau.

Sêndari: Iya, kapriye, biyung, aku caritanana.

Êmban: Kalawau raka jêngandika gusti kula Paranggarudha sowan paman jêngandika, sasampunipun sêmbèn matur kathah-kathah, lajêng matur bilih dipun utus rama jêngandika: angundurakên panggihing pangantèn, awit saking karsanipun uwa jêngandika sinuhun ing Mandura, paman jêngandika namung sandika, wangsulanipun paman jêngandika makatên: Aja kang lagi dirêmbug, sanadyan Si Ăngkawijaya, sumawana aku, yèn ana karsane sinuhun, masa ora tak lakonana. Wis ta, radèn, kowe muliha, manawa diarêp-arêp. Saunduripun raka jêngandika, inggih punika wau wontênipun, pamanah kula panjênêngan sampeyan namung kampyak kemawon, ambokmanawi upami barang risak, wingking sagêd pulih.

Pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta kusumaning ayu Dèwi Siti Sêndari, mirêng aturipun nyai êmban sakêdhik wontên têntrêmipun ing panggalih.

--- 89 ---

Êmban: Gusti, katebang-katebang punika kados rayi sampeyan Radèn Irawan.

Sêndari: Apa iya, biyung, si adhi Irawan lagi diutus marang Yasarata, ayak madha rupa bae.

[Grafik]

Dèwi Siti Sêndari.

Êmban: Botên, gusti, sansaya cêlak sansaya têtela bilih rayi sampeyan, dipun iring Kyai Lurah Sêmar saanakipun, ênêripun mariki, kados nusul panjênêngan sampeyan.

Lajêng pathêtan, Siti Sêndari ngalih adhêpipun, katingal ingkang rayi Radèn Irawan lajêng dipun awe. Gamêlan Ayak-ayakan. Irawan dumugi ngajênging Siti Sêndari, suwuk.

Sêndari: Padha bêcik, adhi, satêkamu ana ngarêpanaku.

Irawan: Inggih, radèn ayu, kula pundhi.

Sêndari: Adhi, têmbung radèn ayu marènana, wong prênahe kakang, ya basaa kakang. Oraa kowe dadi ipeku, [i...]

--- 90 ---

[...peku,] arak iya aku karo si adhi padha buyute ratu Mandura.

Irawan: Nuwun inggih sandika, nanging kathah kajrihan kula.

Sêndari: Si adhi saka Yasarata, apa uwis saka Madukara.

Irawan: Nuwun inggih, saking Yasarata, sampun sowan paman jêngandika, dèrèng dangu kula lajêng kadhawuhan andhèrèkakên sampeyan.

Sêndari: Adhiku, dhi, dene sayahmu durung ilang. Kajaba kowe dikon ngiringake aku, kang dadi dhawuhe paman, kapriye.

Irawan: Dhawuhipun paman jêngandika makatên: Kowe sumurupa, radèn ayu pangantèn tak kongkon mênyang Dwarawati, nanging ana wêkasku kang kêlalèn, radèn ayu kon matur karo sinuhun ing Dwarawati, biyèn aku simpên wêsi pêpêlikan, banjur tak gawe kêris dhapur carita kaprabon, saiki wis dadi, bakal tak anggo tumuli, aku kèlingan, biyèn sinuhun kagungan calon warăngka kayu cêndhanasari encok kêmbang kêndhit putih, iku tak suwun bakal tak anjingi kêris babaran anyar mau. Kowe ngiringa bok ayumu nganti tumêka ing Dwarawati, apa saprentahe lakonana. Namung punika dhawahipun paman jêngandika.

--- 91 ---

Pathêtan. Kyai dhalang carita:

Mangkana ta kusumaning ayu Siti Sêndari, miyarsa aturipun ingkang rayi Radèn Irawan, wantuning putra Dwarawati lantip graitanipun, sanalika rêntênging galih sirna kadi dipun saponi, upami taru-taru ing măngsa têrang, kadhawahan riris ing măngsa kapat, sanalika nêcanipun kusumaning ayu santun, yèn ngandikaa makatên: Idhêpa yèn mangkono karsane paman, ora dadi susahing atiku, têgêse awakku dikon dadi dhalang, ya masa ora tak lakonana.

Sêndari: Iya, adhi, aturku sandika bae, nanging mêngko yèn têka ing Dwarawati, si adhi aja ketok ngarêpan, anjujuga ana patamanan. Ayo adhi, mupung rada eyub padha lumaku.

9. Adêgan ing Ngastina.

Gamêlan Ayak-ayakan, lajêng suwuk, santun pathêt manyura. Mungêl gêndhing Crapang, wayang kang mêdal: Suyudana, Durna, Sêngkuni, Krêtamarma, Patih Pragota, gamêlan jantur, kyai dhalang carita:

Kunêng wau gantya kocapa, kang wontên nagari ing Ngastina, pranyata nagari agêng bawahipun, sarta ajêmbar laladanipun, langkung gêmah raharja, kawula alit tan ana sangsayane, [sangsa...]

--- 92 ---

[...yane,] tansah sami suka-suka ambangun pasarean, sumingkir kang para alampah juti, dhasar ratu abăndha-bandhu, băndha: sugih brana arta, bandhu: abêbala kadang, yèn ta dipun gunggunga kawibawan miwah kaluhuraning karaton ing Ngastina, kadi tan wontên pêdhote.

Sintên dasanamane wong agung ing Ngastina, Prabu Kurupati, Prabu Suyudana, Jayapitana, inggih Prabu Gêndarisuta. Mila jêjuluk Prabu Kurupati, dènya angratoni kadang Korawa, Prabu Suyudana: pranyata ratu agung dananipun tan kêndhat. Prabu Jayapitana: dènya sêkti timur mila. Prabu Anggêndariputra: pranyata putraning Dèwi Anggêndari. Punapa agêmipun wong agung ing Ngastina, amakutha binuka asri, ajamang mas sungsun tiga, kinarawistha, sêsumping kancana kinatah gêng gubahan surèngpati, kancing gêlung kancana rineka garudha mungkur, kasăngga ing praba, sinung têtali udawala, sêngkang bapang panunggul hèr gêni, ulur-ulur naga ngangrangan, kêlatbau nagaraja, bêbadhong gandhowara, mawi têtali pêkak madya, tinarètès sêsotya măncawarna, sinung panunggul hèr kêmbang sapoh jênggi gêngipun, kadya bubar kang tinêngahan, kaêndhih cahyaning hèr kêmbang.

Kocap pinuju dintên pasowanan, katamuan Patih Pragota, lajêng amiji Pandhita Durna, Arya Sêngkuni, yèn [yè...]

--- 93 ---

[...n] ta ngunandikaa wong agung Ngastina: Apa gawene Si Pragota iki.

[Grafik]

Prabu Suyudana.

Gêndhing minggah lajêng suwuk, pathêtan.

Suyudana: Pragota, bagea satêkamu.

--- 94 ---

Pragota: Kula noknon, nuwun inggih, timbalanipun ingkang sinuhun, kacadhong asta kalih, kapundhi ing ngêmbun, dadosa jimat.

Durna, Sêngkuni sami ambagèkakên têmbung ngoko kados nginggil wau, namung lintu basuki.

Suyudana: Kapriye, Pragota, satêkamu, matura kang pratela, tak rungokne kang atela-tela.

Pragota: Kula noknon, pisowan kula kautus raka paduka sinuhun ing Mandura, ngaturi uninga, lampahipun dhatêng Dwarawati sampun amanggih gampil, amargi putri Dwarawati, Dèwi Sitisari, sampun ubaya dintên badhe panggih kalihan putra Madukara Radèn Irawan, lajêng kapancah raka paduka, badhe pangantèn putri kapundhut, badhe lajêng kadhaupakên kalihan putra paduka ing Sarojabinangun, sakathahing pakèwêd sampun kawêngku wontên raka paduka piyambak.

Suyudana: Wangsulane kakang prabu Dwarawati kapriye, Pragota.

Pragota: Kula noknon, wangsulanipun raka paduka ing Dwarawati, darmi pêputra, purbawisesa wontên raka paduka sinuhun ing Mandura. Trangipun ing sapunika raka paduka lajêng karsa amêngku pamiwaha bawahaning pangantèn, sapintên [sapintê...]

--- 95 ---

[...n] prabeyanipun, raka paduka ingkang mêdalakên mangsi ngantosa nêlasakên kalih guwa, lampah kula punika lajêng kautus nyuwun putra paduka badhe pangantèn, santana abdi ingkang andhèrèkakên, kathah sakêdhik botên winangênan.

Pathêtan.

Suyudana: Nêdha bapa ing Sokalima, kadipundi ature Si Pragota, jêngandika manah.

Durna: Astakuswala, ila-ila pradapa, êmprit ganthil buntut gêdhogan, monyor-monyor. Saking prakawis punika, iladuni kula sampun kula ilo ing sangkal bolong nêronthong ical pêthèlipun, angèl, gampil, angèl, gampil. Rèhning raka paduka anak prabu ing Mandura sampun karsa amêngku sadayanipun, angèla dados gampil, manawi ingkang sinuhun mundura ing pakèwêd, sinêbut cacad, dados prayogi dipun lampahi, wayah kula ing Sarojabinangun, kaaturakên, kadhèrèkakên anak-anak kula Korawa, tindhih adhi Pantènbaya ing Plasajênar, sarta jagia pakèwêd baris pêpêndhêman.

Suyudana: Ênggèh, bapa, kula marêngakên, nanging bapa andombanana, supaya ngabêr-abêr panasing gêni, lan benjang punapa angkate.

Durna: Kula kadhawuhan andombani, sandika, dintên angkatipun [ang...]

--- 96 ---

[...katipun] wayah kula, sapunika ingkang kula rêmêni, benjing-enjing iladuni dhawah warti, satriya wirang, êmbèn dhawah rogoh, macan katawang, sarêng sapunika sri, warti, rogoh, sêmpoyong, dhawah sêmpoyong, (jajan, ngliwêt, adang) dhawah adang, păncasuda satriya wibawa, sruwa-sruwi sae.

[Grafik]

Radèn Laksmana.

Kapriye adhi Pantènbaya ing Plasajênar,

--- 97 ---

apa wus nayogyani aturku marang ingkang sinuhun.

Sêngkuni: Iya, wakane, aku wis nyondhongi.

Suyudana: Paman Sêngkuni, dhawuha anak-anak Kurawa, sarta rata tungganganing pangantèn, karakita kang tumuli, pakênira lan bapa Sokalima nunggala ing rata. Bocah wadon, dhawuhna gustimu ing Sarojabinangun, dhawuhana pradandanan, yèn wis rampung tumuli tak timbali.

Lajêng pathêtan, Radèn Laksmana sowan.

Suyudana: Kulup, kowe dina iki tak angkatake mênyang Dwarawati, manuta sarèhe wakamu kakang prabu Mandura.

Laksmana: Nuwun, timbalanipun kangjêng rama sandika.

Durna nambungi: O, putuku wong asigit, têka cêpak jatukramanipun, saking pitêdah kula, punapa sampun kathah ingkang dipun lampahi, agêng amlêng alit sêsirik.

Laksmana: Eyang, inggih, siyang kula botên tilêm, dalu kula botên mêlèk, awit kagalih wayah jêngandika kula botên nêdha sêkul, namung kupat, tuwin inggu kula sirik sangêt.

Durna: Sokur, mas putu, sokur, kalihan sampun sok dhahar inggu, êntutipun anggêgirisi, wêling kula botên kathah, kang sagêd momong garwa, suwita bapa marasêpuh, [mara...]

--- 98 ---

[...sêpuh,] kang purun ngawon catur sakêcap, lampah satindak, sampun ngêndêlakên putrane narendra agung.

Laksmana: Panêmbahan, inggih kula pundhi, timbalan sampeyan, kula bundhêli wontên koncèr ikêt, supados sabên dintên angêt.

Durna: Trang timbalanipun ingkang sinuhun, kula nyuwun pangèstu lajêng bidhal.

Suyudana: Ênggèh, bapa, kula sabiyantu puja, siyang angirangi dhahar, dalu angirangi sare.

Lajêng Ayak-ayakan, Sêngkuni, Kartamarma, mêdal, kapanggih Dursasana, gamêlan suwuk, ada-ada.

Dursasana: Paman, kula nungsung warta, kula nungsung warti, paman, ingkang mêntas sowan kakang prabu, tiyang sami pating balêbêr punika wontên punapa.

Sêngkuni: Iya, gèr, dina mau Patih Mandura seba, diutus Sinuhun Mandura, cêkake ngaturi wuninga lakune mênyang Dwarawati wis gampang, pangantèn wadon wis duwe pacangan anake adhimu Madukara, ananging diwurungake, dadi salin pangantèn lanang, sakèhing pakewuh wis kawengku Sinuhun Mandura, sabanjure anakmu ing Sarojabinangun disuwun.

Dursasana: I, sêga pulên bêl dhêle. Ênggih, paman, ênggih trangipun samantên kadospundi.

--- 99 ---

Sêngkuni: Rakamu sinuhun banjur andangu mênyang wakane gondhèl Durna, wangsulane dina iki bêcik, sesuk dinane dina goroh, êmbèn dina satriya adol sate, kudu mangkat dina iki, sarta adhi-adhimu saparo, kang dadi kamituwaning laku wakane gondhèl Durna lan aku.

Dursasana: Ênggih, paman, ênggih, kula botên mawi mantuk lajêng bodhol saking pasowanan kemawon, sangu pirantos kajêngipun nusul kemawon.

Sêngkuni: Kulup, Kartamarma, dhawuhna kănca Ngastina, kang padha andhèrèk saengga baris pêndhêm.

Kartamarma mêdal, ada-ada.

Kartamarma: E,e, adhi-adhi, kang padha andhèrèkake pangantèn, sarta panèwu mantri, padha mirantia saengga baris pêndhêm.

Ingkang sami tampi parentah: Sandika, saurpaksi. Lajêng ada-ada.

Kartamarma matur: Sampun kula dhawuhakên waradin, bodhola sampun mirantos, tuwin kareta badhe titihanipun pangantèn sampun cumawis wontên sangajênging kori kamandhungan.

Sêngkuni: Wis ta budhalna, kowe dadia pangarêp, sing awas kêndho kêncênging laku.

--- 100 ---

Gamêlan mungêl kados wayang tarung, têlasing lampah gamêlan suwuk, pathêtan, kyai dhalang carita:

[Grafik]

Radèn Kartamarma.

Lampahing sato Korawa angiringakên pangantèn, busana manekawarna langkung asri, lampahipun sabilik-bilik sami mawi têngêran bandera piyambak, ing lurung-lurung kèbêkan [kèbê...]

--- 101 ---

[...kan] lampahing wadyabala sarta tiyang ningali. Tinon saking mandrawa, anglir samodra tanpa têpi. Enggalipun amunggêl kali, gorohing wong carita, sampun dumugi ing pasanggrahan Mandura. Ing pagêdhonganipun, pangantèn lajêng dipun busanani, rêrênggan kabangun malih, lajêng bidhal dhatêng kadhaton ing Dwarawati.

10. Togog munjuk ing ratunipun.

Gantya kocapa ratuning raksasa ing Jongbiraji. Mungêl gêndhing ricik-ricik, wayang kang mêdal: Prabu Kurăndhagêni, Togog dhatêng, lajêng jantur, kyai dhalang carita:

Lah ing kana ta wau, mangsuli carita kang wontên nagari Jongbiraji, prabu dênawa Sri Kurăndhagêni, asupe dhahar nendra, saking dahat kasmaran Dèwi Sitisari, putrining Dwarawati, linali-lali saya kadriya, ginugu saya ngranuhi, namung Dèwi Sitisari kang tansah cumanthèl padoning netra, salêbêting galih tansah ngayun-ayun wadya ingkang dinuta dhatêng nagari ing Dwarawati. Sadhatêngipun Lurah Togog, Prabu Kurăndhagêni ngunandika: Muga oleha gawe Si Togog.

Gêndhing sêsêg lajêng suwuk, ada-ada.

Raja ditya: Kapriye, Togog, lakumu, apa

--- 102 ---

olèh gawe, matura kang pratela.

Togog: Nuwun, jrih kula ing alit, kamipurun munjuk piyambak, kuka[16] ngaturi uninga, anggèn kula kautus dados kanthinipun prayagung bupati têtiga, sami amanggih tiwas, anêmahi pêjah, ingkang mêjahi sami satriya pranakan Ngamarta, nama Radèn Irawan, kalihan Radèn Gathutkaca, jalaran papagan wontên satêngahing wana, dipun sanak botên purun, larapipun ingkang nama Radèn Irawan punika pacanganipun putri Dwarawati, sabab wicantênipun lajêng ladak.

Lajêng ada-ada.

Raja ditya: Kang jênêng Gathutkaca lan Irawan, bature wong pira.

Togog: Prasasat tanpa rencang, rencangipun tiyang tiga, sami palawija, bêdhugalan kemawon.

Raja ditya: Patine bocahku bupati kêna gêgaman apa, tatu dhadha apa tatu gêgêr.

Togog: Pêjahipun botên labêt gêgaman, kang nama Radèn Gathutkaca punika sagêd mabur, sarta têguh, pêjahipun bupati tiga namung dipun untir êndhasipun kemawon, kantun kawula alit sami lumajêng ngungsi gêsang, tuwin lajêng sami mantuk.

Raja ditya: Wis, Togog, mundura, warise bupati kang mati gêntèkna.

--- 103 ---

Ada-ada, Togog mundur.

Raja ditya: Biyung, ora suda rasaning atiku, aku sumêdya marang Dwarawati, putrine tak jaluk manawa ora awèh, nagarane tak gawe karang abang.

[Grafik]

Êmban Layarmega.

Layarmega: Gusti kula, anggèr, manawi kula taksih gêsang sarta dèrèng têlas budi kula, sampun sinuhun jêngkar saking praja.

Raja ditya: Kapriye, yung, karêpmu.

Layarmega: Inggih, kula badhe lampah dhustha dhatêng nagara Dwarawati, putri Dwarawati kapanggiha ing pundi, mêsthi kula bêkta, sokur pinanggih sare, lajêng kula bêkta dalah pasareanipun, kula kalilana ambêkta kanthinipun adhi Kala Mingkalpa.

--- 104 ---

Raja ditya: Iya, biyung, aku parêng, mangkata tumuli, aja kaya bocah. Kowe Kala Mingkalpa, milua si biyung, nutên apa saprentahe.

Kala Mingkalpa: Inggih sandika, pangèstunipun gusti kula ingkang kula suwun.

Lajêng mangkat mêdal ing Jumantara, gamêlan sêsêg kados wayang pêrang. Suwuk lajêng pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta lampahipun êmban Layarmega lan Tumênggung Kala Mingkalpa, malampah napak gêgana silêm dharatan, sarêng mulat dharatan tanah Jawi, lajêng tumurun, sabên dalu anginjên tiyang wicantênan, kapinuju sami bawah Dwarawati, enggal lajêng napak gêgana, ngulati prênahing kadhaton. Saking mandrawa pucaking gapura sampun kadulu, rasêksa-rasêksi ayêm manahe, sumêdya dipun dhatêngi ing wanci dalu.

11. Adêgan ing Ngamarta.

Lajêng mungêl gêndhing Damarkèli, wayang kang mêdal: Ngamarta,[17] Wrêkudara, Nakula, Sadewa. Gathutkaca prapta, gamêlan jantur, kyai dhalang carita:

Lah ta ing kana wau gantya kocapa, kang wontên nagari Ngamarta, nadyan alit laladane, nanging langkung tata gêmah raharja, dados pangungsèning kawula alit saking măncapraja, [măncapra...]

--- 105 ---

[...ja,] mila dipun wastani nagari ing Ngamarta, dene kawula kang sami bawah Ngamarta sami asrêp manahe, saking sumuking tyas narendra ambêk pinandhita, kawula sami eca kang manah tan ana sangsayane, botên kirang bukti, kalis ing sêsakit. Sintên jêjulukipun wong agung ing Ngamarta, Prabu Gunatalikrama, inggih Prabu Yudhisthira, inggih Prabu Puntadewa, Prabu Darmawăngsa, Prabu Darmaputra, inggih Sri Dwijakangka. Mila jêjuluk Prabu Gunatalikrama, dene sagêd anangsuli sangandikanipun pribadi, botên karsa dora, tan arsa anjabêl pangandika kang sampun kawijil. Mila nama Prabu Yudhisthira, pranyata wong agung ing Ngamarta jumênêng ratu makuthaning prajurit. Mila nama Prabu Puntadewa, pranyata ratu kêkasih utawi gêgamaning dewa. Darmaputra, dene kapêndhêt putra dening Bathara Darma. Mila jêjuluk Prabu Darmawăngsa, jumênêngipun ratu saking pakèning sadhèrèk. Dwijakangka, dene ratu ambêk pinandhita, lila ing donya, tega ing patinipun, bêcik-bêcikmu dhewe, ala-alamu dhewe, mila makatên ambêke wong agung Ngamarta, dènya kacariyos êrahipun pêthak, dados botên gadhah, utawi botên sagêd nêpsu. Mangagêm gêlung kêkêlingan, cundhuk mas rineka mlathi sapêlik, panunggul maniking toya, sumping kancana tinatah kananga ginubah, sêngkang mas rineka sêkar

--- 106 ---

lombok, panunggul intên bumi, kampuh sutra pêthak, pinarada rineka wanasêmi, têtirahing kampuh, tinêpi renda, yèn dinulu ical manungsane, kadi Bathara Asmara angejawantah. Sang Prabu lênggah ing pandhapa, ingadhêp kang rayi satriya ing Pamênang Arya Wrêkudara, bumi Rêtawu Radèn Nakula, ing Tanjunganom Radèn Sadewa. Botên dangu Radèn Gathutkaca dhatêng, saking kautus ingkang rama nusul Radèn Irawan, lênggah mabukuh kadya age matura. Gêndhing minggah lajêng suwuk, pathêtan.

[Grafik]

Prabu Puntadewa.

Bima: Drêmaji, kakangku, aja dadi atimu, aku ngawiti caturan, jêr watakmu tak adhêpa sadina, yèn ora tak kawiti clathu, kowe ora takon utawa ora duwe prentah.

Puntadewa: Iya, Wrêkudara, kapriye caturmu.

--- 107 ---

Bima: Arêp gawene Irawan wis cêdhak, apa kowe ora têka Madukara, apa bocah arêp dok bawahi ana kene.

Puntadewa: Aku iya bakal têka Madukara, nanging ngêntèni pangajakmu, besuk apa, karo têkane Gathutkaca kok ora barêng karo kowe, apa sababe.

Bima: Takonana dhewe wong ana manungsane.

Puntadewa: Gathutkaca, kowe padha bêcik, lan têkamu ora barêng karo ramakmu, kapriye.

Gathutkaca: Timbalanipun uwa aji, kacadhong asta kalih, kula pundhi wontên ing ngêmbun, dadosa jimat. Anggèn kula dhatêng kantun, saking kautus rayi sampeyan kangjêng rama: nusul pun adhi Irawan dhatêng Yasarata, kapanggih wontên margi kabegal ing danawa, pangèstunipun kangjêng uwa aji, dênawa kula pêjahi tiga, kantun kang alit-alit sami mlajêng, pun adhi Irawan sampun mantuk dhatêng Madukara.

Lajêng pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta wong agung ing Ngamarta eca dènya sami imbal pangandika, kasaru dhatêngipun Radèn Arjuna kalihan ingkang putra Abimanyu, dumrojog tanpa larapan. Gamêlan Ayak-ayakan, lajêng jantur, kyai dhalang carita.

Wau ta lampahipun Satriya Madukara kalih ingkang putra

--- 108 ---

layang-layangan, dènya lumampah saengga tanpa wadya, tanpa larapan laju dhatêng palataraning Ngamarta. Wong agung ing Ngamarta tan samar lamun kang rayi, lajêng dipun awe, saking plataran dumugi pandhapa, satriya kalih kados dipun sawatakên. Lajêng lênggah cakêt ingkang raka Radèn Wrêkudara, Ăngkawijaya munggèng wurining rama. Radèn Arjuna ngangsêg lênggahipun kados enggal umatura. Gamêlan sêsêg lajêng suwuk, tanpa pathêt.

Arjuna: Sowan kula ngaturi uninga kakang prabu, kula mêntas katamuan pun Sămba, kautus ing raka jêngandika sinuhun ing Dwarawati, angundurakên panggihipun Irawan, ingkang kagungan karsa kakang Prabu Mandura, atur kula sandika, pun Sămba lajêng kula tundhung mantuk. Sapêngkêripun Sămba, Siti Sêndari kula pêgatakên kalihan kang jalêr, sarta Siti Sêndari lajêng kula tundhung mantuk dhatêng Dwarawati.

Puntadewa: Iku kapriye karêpmu, dhawuh tok sandikani, anakmu kang wis bêcik tok pêgatake.

Arjuna: Sadhatêngipun Irawan, lajêng kula purih nusul ngêtutakên Siti Sêndari, tuwin Siti Sêndari kula purih matur sinuhun ing Dwarawati, rumiyin kula gadhah wêsi pêpêlikan, kula damêl dhuwung sampun dados, dhapur carita kaprabon. Kula èngêt, sinuhun ing Dwarawati kagungan badhe warăngka [warăng...]

--- 109 ---

[...ka] kajêng candhana sari encok kêmbang kêndhit putih, kula suwun, kènginga tumuntên kula angge, têrangipun sapunika kula sumăngga kakang prabu.

Puntadewa: Lo, kapriye, ta, aku sansaya ora dhèngêr, aturmu kok lunyu mangkono, yèn aku tok bodhoni, ya Si Irawan susulên kon bali, mênyang Dwarawati gawene apa.

Bima: Drêmaji kakangku, amit.

Puntadewa: Karêpmu, Wrêkudara, kok anggo caturku ya bêcik, ora ya bêcik.

Bima: Iya tak anggo caturmu, mung aku nyambungi sathithik, kang tak kongkon mênyang Dwarawati, anakmu Si Gathutkaca, nusul Irawan, anjujug buri bae, sanadyan katêmu Irawan, manawa ora katêmu Siti Sêndari, aja age mulih, sanadyan mulih, sakaa pakone Siti Sêndari.

Puntadewa: Iya sakarêpmu, Wrêkudara.

Bima: Gathut, kowe krungu gobogmu.

Gathutkaca: Inggih sampun mirêng.

Bima: Wis minggata mênyang Dwarawati.

Gamêlan kados wayang tarung, Gathutkaca mangkat dhatêng Dwarawati, suwuk lajêng pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta lampahipun Radèn Gathutkaca, napak ing gêgana,

--- 110 ---

sinêru lampahipun, gêbyaring busana kasorot ing diwangkara kados kilat. Enggaling carita sampun dumugi ing Dwarawati.

12. Kadhaton Dwarawati kalêbêtan pandung.

Mungêl gêndhing Miling, wayang ingkang mêdal: Krêsna, Sămba, Satyaki. Gamêlan lajêng anjantur, kyai dhalang carita:

Lah ta ing kana wau, amangsuli carita ingkang wontên nagari Dwarawati, inggih ing Jênggalamanik, Prabu Krêsna lênggah wontên madyaning pandhapa, ingadhêp ingkang rayi Arya Satyaki, salêbêting wardaya angajêng-ajêng dhatêngipun ingkang putra satriya ing Paranggarudha, botên dangu prapta katingal saking katêbihan lajêng dipun awe, cêlak dipun rakêtakên. Lampahipun Radèn Sămba agurawalan, dumugi ngayunan lênggah mabukuh kadya age tumuntên matura.

Gêndhing minggah lajêng suwuk, pathêtan.

Krêsna: Sămba, padha bêcik salakumu mênyang Madukara.

Sămba: Nuwun, pangèstunipun kangjêng rama, botên kirang satunggal punapa, kula sampun kautus sowan rayi sampeyan paman ing Madukara, andhawuhakên panggihing pangantèn kapundhut unduripun, saking karsanipun uwa aji ing Mandura,

--- 111 ---

wangsulanipun rayi sampeyan makatên: Iya ta, radèn, aja kang lagi rêrancangan, lagia kang wis dadi, kaya ta Si Ăngkawijaya, sumawana aku, karsa dibubrah, kapriye anggonku anggondhèli, apa kang dadi dhawuh, aturku sandika, karo ing kene ora ana apa-apa.

[Grafik]

Radèn Sămba.

Krêsna: Mungguh aturmu marang pamanamu, apa kok balêjog bae, apa nganggo kok pinangkani, sêmune pamanamu kok nêpsu.

Sămba: Nuwun, sadhatêng kula inggih sêngadi kangên, sapiturutipun atur rêrakêtan. Ananging sampun kapêthèk, manawi lampah kula kautus, sabab manawi namung tuwi, kok arungan padamêlan. Jrih kula inggih lajêng matur, saking paningal kula wontêna rênguning panggalih, namung sakêdhik, sabab sabên ngandika tansah mèsêm [mèsê...]

--- 112 ---

[...m] utawi gumujêng, tur dipun sandi amucang, botên wontên antawisipun bilih duka.

Krêsna: Basakna kowe, Sămba, ana ngladèni pamanane salawase tur kowe didhêmêni, têka ora dhèngêr watêke. Pamanamu kuwe yèn kacênthok ing catur kang ngêrês, sanadyan atine kaya ambalêdhosa dibakari bêton, nanging cature ya lengah-lengah bae.

Sămba sêdhakêp gèdhèg-gèdhèg: E, lah, didol nguwong, awakku. Inggih paman Satyaki botên manawi makatên, sisip sêmbiripun awak kula punika dipun satru kalihan paman Madukara.

Krêsna: Aja sêdhakêp gèdhèg-gèdhèg ta, mung mujia lêstarine bêcik.

Pathêtan, kyai dhalang carita:

Wau ta eca dènya imbal pangandika, kasaru dhatêngipun Dèwi Siti Sêndari, dumarojog lajêng anjujug ing ngarsanipun ingkang rama, cingak kang sami andulu.

Gamêlan Ayak-ayakan, lajêng suwuk, tanpa pathêt.

Krêsna: Kowe, Siti Sêndari, têka dhewe bae, raimu têka bêngêp.

Sêndari: Nuwun inggih, kangjêng rama, kula ngaturi wuninga,

--- 113 ---

saunduripun kangmas Paranggarudha, kula lajêng dipun pêgatakên kalihan putra sampeyan radèn pangantèn, kula lajêng katundhung mantuk punika, namung dipun kanthèni punakawan satunggal.

Krêsna: Aladalah, lidok, Sămba, pêthèkku, kapriye ta èsême pamanamu.

Sămba: Kula nun kadospundi, kok makatên.

Krêsna: Uwis, ta, aja mèwèk, mêngko marahi adhine. Siti Sêndari caritaa manèh, manawa isih ana tunggale.

Sêndari: Inggih, paman mêling makatên, kowe matura karo kakang prabu, biyèn aku duwe wêsi pêpêlikan, tak gawe kêris wis dadi, dhapur carita kaprabon, aku kelingan, kakang prabu kagungan calon warăngka kayu cêndhana sari encok kêmbang kêndhit putih, iku tak suwun, kêris bakal tumuli tak anggo.

Krêsna: Êlo, kok anggranyah, aku ora duwe bakal warăngka.

Siti Sêndari botên matur malih, lajêng malêbêt ing dalêm, wêntisipun ingkang rama dipun jiwit.

Sămba: Nuwun, manawi badhe sarungan dhuwung kemawon kula simpên kathah, pun paman kadhawuhana milih, sukur upami lare [la...]

--- 114 ---

[...re] nangis kèndêl dening punika, wangsul ingkang dipun pêgatakên kadospundi.

[Grafik]

Radèn Satyaki.

Krêsna: Sing dipêgatake ya bèn, panjaluke warăngka aku sing bakal mènèhi, yèn kowe kang awèh, pamanamu măngsa arêpa.

--- 115 ---

Sămba: Nuwun, taksih sulêk manah kula.

Krêsna: Êlo, kapriye, ta, ora mèmpêr putra Dwarawati. Atimu kaya dhêngkul.

Sămba: Nuwun, tiyang nyuwun warăngka, sadhengaha jangji sae, rak inggih bingêr. (badhe mungêl bingah, lambe dipun sampe ingkang rama).

Krêsna: Wis ta, mupusa, ana bocah mêtu lanang, kalah karo kang mêtu wadon.

Sămba: Kula nun.

Krêsna: Uwis, ta, tak colokna matamu, yèn atimu mêrêm. Mung kowe kang wêrit, têkane Siti Sêndari ajana kang krungu, lan pangruktimu bab têmuning pangantèn aja owah.

Sang prabu ngadhaton, Sămba lan Satyaki mêdal. Gamêlan Ayak-ayakan. Mêdal Jêmbawati, Rukmini, Sêtyaboma, Sitisari, Siti Sêndari. Gamêlan suwuk, pathêtan.

Jêmbawati: Bagea radèn ayu pangantèn, satêkamu kowe padha bêcik.

Sêndari: Nuwun inggih, timbalanipun kangjêng ibu, kula pundhi ing mastaka, dadosa jimat, sêmbah sungkêm kula katura.

--- 116 ---

Sêtyaboma, Rukmini, ugi sami ambagèkakên makatên.

Jêmbawati: Têkamu wis suwe, apa lagi saiki.

Sêndari: Inggih, sawêg sapunika, lajêng kadhawahan kangjêng rama maripurna badhe pangantèn.

Jêmbawati: Iya, ta, radèn ayu, rêsikana adhimu, pancèn bocah isih busuk, dadi isih dhêmên dolan.

Sêndari: Ayo, rara, padha adus mênyang taman, karo aku, awakku ya gêrah têmên.

Sitisari: Ayo, kakang bok.

Lajêng Ayak-ayakan, kusumaning ayu dhatêng taman sakalihan. Gamêlan suwuk, lajêng pathêtan. Kyai dhalang carita:

Wau ta kusumaning ayu sakalihan, sasampuning siram ing bèji, lajêng sami lênggah sangandhaping angsana.

Sêndari: E, adhiku, wong ayu, dene rambute nganti padha rèngkèt kabèh, kene tak jungkati, wong wis gêdhe mono aja katungkul dolan, rak ya mikir ngrêsiki awake, măngka arêp dadi panganntèn, didêlêng wong akèh.

Sitisari: Kang bok, aku wong pancèn isih dhêmên pasaran cêngguring, gobag, kok arêp didadèkake

--- 117 ---

pangantèn. Kang ngantèn êndi, kang bok, kok ora mrene.

Sêndari: Mrene manèh, kakangamu isih ana buri, mêngko sadhela têka.

Sadangunipun anjungkati ingkang rayi, Dèwi Siti Sêndari ngawe ingkang rayi Radèn Irawan, kapurih anjujug ing wingkingipun, Dèwi Siti Sêndari lajêng kesah singidan. Radèn Irawan badhe nyêpêng Dèwi Sitisari astanipun gumêtêr, Dèwi Siti Sêndari wuninga Radèn Irawan gumêtêr: anggêgujêng.

Sitisari: Wis, kang bok, aku arêp cêngguring, nyang ngêndi kang bok iki mau, têka mênêng bae.

Dèwi Sitisari sarêng nolèh wuri sumêrêp tiyang jalêr, lajêng mlajêng, Irawan kantun dhêlog-dhêlog, Siti Sêndari dhatêng.

Sêndari: Kapriye, adhi, tak injên kok ngèwèl bae, ora kaya kakangane, yèn ana babon, suwiwine banjur dijèrèng, rêkètèk, cucuke banjur nothol, thol. Si adhi tangane kok gêmêtêr.

Irawan: Inggih, radèn ayu, tiyang ajrih, yèn anu sampeyan lilani mantuk kemawon.

Sêndari: Mulih kapriye, la, aku rak didukani paman. Harak lumrah wong wadon kuwe mêngkono, ta wis burunên, tutna bae, ora-orane ana wong srêngên.

--- 118 ---

Irawan: Inggih, sandika.

Lajêng mungêl gêndhing Montro, tigang gongan lajêng jantur.

Dèwi Sitisari wantu taksih kênya, langkung kêsit, Irawan taksih sêmang-sêmang, mila tansah bêbujêngan.

Sêndari: Petruk, kowe reka-reka kaya mêmêdi, ya sak akal-akalmu.

Petruk: Nun inggih. Rèng, kapriye rekane wong dadi mêmêdi, nèk duwea rambut, rambute dijêmpalikake, nèk duwea untu, untune dipringisake.

Garèng: Truk, nya, iki pincuk godhong jati, cantholna ngirungmu, nèk wis tak angusane. Wis ta, awakmu kabèh borèhana balêthok, nèk uwis, ngêndi playune radèn ayu ngarêpe cêgatana.

Lurah Petruk lajêng borèh blêthok.

Petruk: Lelepah, doyanaku sêga pulên karo pêtis, nèk panganan ya gudir.

Garèng: Truk, masa wêdia, ngêndi ana setan nganggo doyan sêga pulên karo pêtis, nèk panganan gudir. Rak iya iwak mêntah.

Petruk: Iya nèk setan têmênan, mêngko nèk diuncali iwak mêntah rak kêlolodên.

--- 119 ---

Pundi purugipun Rêtna Sitisari dipun pêgati mêmêdi Petruk.

Sêndari: Adhi, Irawan, kene andhodhoka ana ing buriku, mêngko bojomu tak cêluke, wantune wong wêdi, mêngkorog banjur ngrungkêp bae.

Irawan: Inggih.

Sêndari: Adhiku wong ayu, mrenea kowe diwêdèni apa, mlayu-mlayu, ulate ambêbironi.

[Grafik]

Dèwi Sitisari.

Dèwi Sitisari lajêng mlajêng dhatêng panggenanipun ingkang bak ayu, Dèwi Siti Sêndari mire, lajêng dipun tampèni Radèn Irawan.

Sitisari: Kang bok, aku diwêdèni kang tunggu têlihing bandêngan, irunge dawa, doyanane sêga pulên karo pêtis, nèk panganan gudir. Gêsahên, kang bok, aku wêdi.

Irawan: Iya, mêngko nèk mrene tak gusahe.

--- 120 ---

Sitisari: I, la, gene kok jêbul wong lanang, aku culna, lo, uculna, aja aku tok pithing-pithing.

Irawan: Diuculake cikbèn apa.

Sitisari: Ya cikbèn malayu mèlu bak ayu.

Irawan: Kalu saya kasi.

Sitisari: Iki kapriye, katêmu lagi saiki, kok uwong digêlut, gêlut mono rak padha lanang, tak jêritake, lo.

Irawan: Iya, anjêrita, tak suduk.

Sitisari: Jêrita-jêrit, ta, nyuduka.

Irawan: Iya, tak suduk, suduk, suduk.

Dèwi Sitisari lajêng kabêkta dhatêng griya balekambang, tulus anggènipun pêpasihan.

Lajêng ada-ada.

Gantya kocapa dênawa ingkang lampah duratmaka, anjajah salêbêting kadhaton ing Dwarawati, sadaya gêdhong-gêdhong sami dipun intip, botên angsal pamirêng kaku manahipun, lajêng kèndêl ngaso wontên taman. Mirêng kalêsiking tiyang, manawi pangantèn sampun panggih wontên griya balekambang, dênawa kalih lajêng marêpêki sarta angintip ing griya balekambang.

Layarmega: Adhi Kala Mingkalpa

--- 121 ---

Mingkalpa: Kula, kakang bok.

Layarmega: Têmên, kang ana sajroning gêdhong iki putri ing Dwarawati, kang gawe kasmaraning gustimu, dhasar putri ayu têmênan, kang lanang iya bagus.

Mingkalpa: Kadospundi kajêngipun kang bok.

Layarmega: Yèn karêpku, lawang dak dêdêl, yèn wis mênga kang wadon tak alap, lanangane măngsa bodhoa si adhi.

Lajêng ada-ada.

Wau ta Radèn Gathutkaca ingkang mêmanuki Radèn Irawan, sêsingidan uwiting nagapuspa, wuninga wontên gumrêmêng sami wicantênan, lajêng dipun sapa:

Gathutkaca: Sapa padha caturan cêdhak karo gêdhong kuwe.

Layarmega: Adhi Kala Mingkalpa, konangan wong kang tugu,[18] mirea.

Lajêng sami nêbih.

Gathutkaca marêpêki sarta pitakèn malih. Ditakoni ora sumaur, andadak lunga. Apa wong nganglang.

Mingkalpa: Inggih, tiyang nganglang.

Gathutkaca: Nganglang ora anggawa ting utawa obor.

Mingkalpa: Inggih, tingipun pêjah.

Gathutkaca: Swarane kaya buta.

Mingkalpa: Inggih, dhasar buta.

--- 122 ---

Gathutkaca: Apa buta Pringgadani.

Mingkalpa: Inggih, buta Pringgadani.

Gathutkaca: Apa sing jênêng Gathutkaca.

Mingkalpa: Inggih, sing jênêng Gathutkaca.

Gathutkaca: Maling, mandhêga.

Gamêlan sêsêg. Radèn Gathutkaca prang lan Kala Mingkalpa, kenging dipun candhak êndhasipun, Kala Mingkalpa pêjah, Layarmega oncat, gamêlan Ayak-ayakan, Radèn Gathutkaca kapanggih Dèwi Siti Sêndari, suwuk, pathêtan.

Sêndari: Si adhi padha bêcik, satêkane ing kene.

Gathutkaca: Inggih, pangèstunipun kakang bok.

Sêndari: Apa, adhi, swara pating gêdêbug mau.

Gathutkaca: Inggih, wontên duratmaka warni danawa kêkalih, sumêdya andhustha putri ingkang wontên ing gêdhong balekambang, kang satunggal kula pêjahi, kang satunggal oncat.

Sêndari: Katujune si adhi têka ing kene. Mungguh karêpe si adhi kapriye.

Gathutkaca: Lampah kula punika kautus paman jêngandika kangjêng rama, nusul pun Irawan tuwin sowan kakang bok. Dhawahipun paman jêngandika: Aja mulih yèn ora saka pakone kakangamu Siti Sêndari.

Sêndari: Wis ta, adhi, iku karêpku tak walik bae, si adhi [a...]

--- 123 ---

[...dhi] dadia duratmaka, Irawan karo Sitisari gawanên mênyang Ngamarta, buta kang mati tak aturake kang matèni juru taman, kang siji wis banjur anggawa Sitisari.

Gathutkaca: Inggih, kula andhèrèk kemawon.

Sêndari: Adhi Irawan, mêtua karo bojomu.

Pathêtan. Irawan mêdal saking gêdhong.

Sêndari: Adhi Irawan, kowe karo bojomu milua adhi Pringgadani mênyang Ngamarta.

Irawan: Inggih sandika.

Sêndari: Adhi Gathutkaca, kang rikat lakumu, mundhak sêlak kajodheran.

Ada-ada, Sêndari kondur.

Gathutkaca: Irawan karo bojomu padha malêbua kancinging gêgêlungku, sing kukuh.

Lajêng sami malêbêt.

Gathutkaca: Wa Sêmar saanakmu padha muliha mêtu urung-urung banyu bae.

Gamêlan sêsêg, Radèn Gathutkaca mabur, lajêng Ayak-ayakan. Wayang kang mêdal: Krêsna, Baladewa, Durna, Sêngkuni, Sămba, Laksmana. Gamêlan suwuk tanpa pathêt.

Baladewa: Yayi prabu, têkane pun kakang ngirid panêmbahan Sokalima, paman Arya Sêngkuni, diutus yayi prabu [pra...]

--- 124 ---

[...bu] Ngastina, ngaturake punakawan Si Laksmana bakal pangantèn.

[Grafik]

Patih Sêngkuni.

Krêsna: Inggih, nuwun, panêmbahan kasêgahan pambage, sadhatêngipun nagari Dwarawati.

Durna: Inggih, sinuhun, kula tampèni asta kalih, kula [ku...]

--- 125 ---

[...la] pêtêkakên ing pranaja, amêwahana kuwat bangkat slamêt.

Krêsna: Paman Arya Sêngkuni, kasêgahan pambage.

Sêngkuni: Inggih, nuwun, kapundhi ing mastaka timbalanipun ingkang sinuhun.

Krêsna: Radèn Laksmana, padha bêcik satêkamu.

Laksmana: Kula nuwun, nuwun, timbalanipun ingkang sinuhun uwa prabu saha kangjêng rama marasêpuh ingkang dhumawuh dhumatêng kula, kula cadhong ing tangan kêkalih, kula pundhi wontên ing ngêmbun, kacancang pucuking rema, dadosa jêjimat, amêwahana sêkti măndraguna. Kula nuwun, sêmbah sungkêm kula kaping sèwu konjuka ingkang sinuhun uwa prabu saha kangjêng rama marasêpuh.

Sămba mlengos kalihan idu, sarta ngunandika: Hara, ta, lidok, wadanaku, kok mari, ora, arêp dadi pangantèn saya wuwuh, sire muwuhana baguse, ora idhêp kaya wong edan anyar. E, kok kalakon dadi ipeku, ora wurung kêrêp dadi rêjêngan,[19] sabab èpèk-èpèk ora kêna, kudu mara ngowahi ikêt bae.

Durna: Kula matur ingkang sinuhun, kajawi sadaya ingkang sampun dipun sarirani raka jêngandika Sinuhun Mandura, rayi jêngandika sinuhun ing Ngastina mêling, putra mantu sampun kaanggêp putra, [pu...]

--- 126 ---

[...tra,] wantu rare nèm, mindhak agêng manahipun, karêngkuha punakawan kemawon. Punika pitungkasipun, kula sumăngga.

Krêsna: Inggih, panêmbahan, ingkang makatên wau saking anggènipun anglairakên katrêsnanipun yayi prabu dhumatêng kula. Kula ugi makatên. Panêmbahan, anak kula wontên ing Ngastina sampun kaanggêp putra, karêngkuha parêkan kemawon.

Pathêtan.

Eca anggènipun sami imbal wacana, kasaru dhatêngipun Dèwi Siti Sêndari, dumarojog tanpa larapan, lajêng angrungkêbi pangkonipun ingkang rama. Gamêlan sêsêgan, lajêng suwuk, ada-ada.

Krêsna: Rara Siti Sêndari, ana apa, têka karo nangis angrungkêbi pangkon.

Sêndari: Kula ngaturakên katiwasan.

Krêsna: Êlo, katiwasan kapriye.

Sêndari: Putra sampeyan pun Rara Sitisari, sasampunipun kula paripurna, lajêng dipun alap ing dênawa duratmaka, cacahipun kalih, ingkang satunggal dipun pêjahi juru taman, ingkang satunggal mibêr ambêkta Sitisari, kula sumăngga.

Siti Sêndari lajêng mundur, ada-ada.

--- 127 ---

Baladewa: Kapriye karêpe yayi prabu.

Krêsna: Kula sumăngga, andhèrèk karsanipun kakang prabu.

Baladewa: Panêmbahan Sokalima kadospundi, rèhning badhe pangantèn ical.

Durna: O, monyor-monyor, wuluh kênthus, dene wontên bêbaya ingkang makatên. Manawi kaparêng karsanipun sinuhun ing Dwarawati, kula badhe sumêrêp bangkening dênawa, bokmanawi anukulakên ing pamanah kula.

Krêsna: Kula sumăngga panêmbahan.

Durna: Suwawi, Sinuhun Mandura, sami dipun pariksani. Adhi Suni mèlua.

Gamêlan sêsêg. Lampahin[20] dumugi taman panggenan bangke dênawa, suwuk, ada-ada.

Baladewa: Măngga, panêmbahan, sampeyan priksa, mênapa dênawa wanan, mênapa ingon.

Durna: O, monyor-monyor, punapa Sinuhun Mandura kêsupèn, la, punika rak danawa Pringgadani, saking rekadayanipun Gathutkaca.

Baladewa: Kadospundi, panêmbahan, têka têtela têmên, kapêndhêt saking punapa.

Durna: Sapisan, manawi dênawa sanès, botên purun dhatêng ngriki, kaping kalih, pêjahipun tanpa tatu, namung gulu [gu...]

--- 128 ---

[...lu] ingkang dipun untir, punika liya Gathutkaca botên wontên, sumăngga, juru taman kadhawuhan nguntir gulu banyak kemawon, kula pêthèk botên sagêd.

[Grafik]

Rêsi Durna.

Baladewa: Inggih, panêmbahan, kula andombani, mangke kula ingkang nglairakên wicantên dhatêng yayi prabu. Suwawi, panêmbahan, sami wangsul dhatêng pandhapi.

Gamêlan sêsêgan, ringgit kang mêdal: Krêsna, Sămba, tumuntên Baladewa, Durna, Sêngkuni dhatêng, gamêlan suwuk, ada-ada.

Baladewa: Yayi prabu, aku uwis mênyang patamanan andêlêng bathang buta, karo panêmbahan Sokalima, paman Arya [Ar...]

--- 129 ---

[...ya] Sêngkuni, aja dadi atine yayi prabu, saka pamikirku, Siti Sêndari goroh, buta kang mati iku buta Pringgadani, saka panggawene Si Gathutkaca, sabab patining buta tanpa tatu, mung labêt gulune diuntir, wong bisa nguntir gulu buta, liya Gathutkaca ora ana.

Krêsna: Kula sumăngga karsanipun kakang prabu.

Baladewa: Karêpku arêp dak susul mênyang Ngamarta, banjur tak tajug bae, aku anjaluk Sitisari, lakuku anggawa kanthi panêmbahan Sokalima, karo paman Arya Sêngkuni, Kurawa sawatara.

Inggih, kula sumăngga kemawon.

Baladewa: Suwawi, panêmbahan, kalih paman Arya Sêngkuni.

Durna: Inggih sumăngga sinuhun.

Gamêlan sêsêgan, Baladewa, Durna, Sêngkuni, mangkat. Gamêlan sêsêg lajêng jantur, Prabu Krêsna marêpêki ingkang putra Dèwi Siti Sêndari, suwuk.

Krêsna: Rara Siti Sêndari, aku arêp takon mênyang kowe, adhimu Sitisari apa digawa buta têmênan, apa kapriye.

Sêndari: Kawuningana, kangjêng rama, sayêktosipun Sitisari kalih Irawan kabêkta Gathutkaca, dene dênawa kang pêjah [pê...]

--- 130 ---

[...jah] sanès dênawa Pringgadani, têmên danawa duratmaka. Kula sumăngga kangjêng rama.

Krêsna: Wis ta, yèn mangkono kowe dak ajak mênyang Ngamarta, kene malêbua ing ali-ali.

Siti Sêndari malêbêt ing sêsupe, Prabu Krêsna lajêng napak jumantara dhatêng Ngamarta. Gamêlan sêsêgan, lajêng Ayak-ayakan. Wayang kang mêdal: Prabu Kurăndhagêni, êmban Layarmega. Gamêlan suwuk.

Layarmega: Inggih, gusti, kula ngaturakên tiwas, pun Tumênggung Kala Mingkalpa anêmahi pêjah.

Ada-ada.

Ratu ditya: Kapriye, sapa kang matèni.

Layarmega: Salampah kula dumugi kadhaton ing Dwarawati, Dèwi Sitisari sampun dhaup kalihan pacanganipun, sami pangantenan wontên salêbêting gêdhong balekambang, badhe kula rêbat kasêlak konangan ingkang jagi, pun Tumênggung Kala Mingkalpa botên purun malajêng, pêksa manglawan, puwara apês anêmahi pêjah.

Ratu ditya: Tatu apa patine Si Kala Mingkalpa.

Layarmega: Botên mawi dipun tamani gêgaman, namung kauntir gulunipun, kula lajêng oncat, manawi kula lêbu tumangan, botên wontên ingkang matur gusti kula.

--- 131 ---

Ratu ditya: Apa kuwe sing dilapurake Si Togog, jare kang aran Gathutkaca. Wis ayo, biyung, padha dilurugi nagara Ngamarta, bocah buta kêrigên.

Lajêng budhal, gamêlan sêsêgan, lajêng Ayak-ayakan. Wayang kang mêdal: Prabu Ngamarta, Arjuna, Bima, Gathutkaca, Irawan, Sitisari.

Puntadewa: Bageya, Gathutkaca, têkamu.

Gathutkaca: Timbalanipun kangjêng wa aji, kacadhong asta kêkalih, kapundhi mustaka, dadosa jêjimat. Kula sampun kautus nusul pun adhi Irawan, sapunika sampun kula bêkta.

Puntadewa: Iya, kowe nusul Irawan wis tok gawa, la kok nganggo anggawa bocah wadon, iku kapriye.

Gathutkaca: Inggih, kawuningana, sadhatêng kula ing Dwarawati kapêngkok bêbaya, wontên dênawa kêkalih sumêdya andhustha pangantèn èstri, satunggal dênawa kula pêjahi, satunggale oncat, kula lajêng dipun panggihi kakang bok Siti Sêndari, Irawan kalihan Dèwi Sitisari kula kapurih ambêkta, karsanipun kakang bok Siti Sêndari kadamêl sintrèn, pangantèn èstri kabêkta dênawa.

Puntadewa: Kapriye, Gathutkaca, kok jêbul anggawa prakara, aku iki ora dhêmên prakara, prasasat kowe ngalup karo aku.

--- 132 ---

Bima gêrêng-gêrêng: Iya, sanadyan dadia prakara, aku ora wiwit, kowe sêdhih atimu ora bisa ngrasakake, sumingkira, aku kang mikul prakarane.

Puntadewa dhatêng ing dalêm, pathêtan kaloloran.

Bima mingsêr lênggahipun, panggenanipun ingkang raka dipun lênggahi.

Bima: Gathutkaca majua, wong arêp tămpa sêrêgan, kowe tak todhi.

Gathutkaca: Inggih, kadospundi.

Bima: Gathutkaca, kowe nyolong putri Dwarawati. Kapriye saurmu.

Gathutkaca: Inggih mêndhêt.

Bima: Jomblo, iku ora mangkono. Mangkene saurmu: Gathutkaca, kowe nyolong putri, botên. Tak sêpatani, botên. Irawan mangkono uga. Wis, padha sumingkira, aja katon ana ngarêpan, Sitisari kon malêbu ngomah.

Ada-ada. Katalika dhatêngipun Prabu Baladewa, Durna, Sêngkuni, ambêkta sagêlar sapapan, gamêlan sêsêgan, suwuk, ada-ada.

Bima: Baladewa kakangku, padha bêcik.

Baladewa: Iya, si adhi padha bêcik.

--- 133 ---

Bima: Bapa Sokalima padha bêcik.

Durna: Iya, gèr, basuki, pangèstuku mênyang kowe.

Bima: Paman Sêngkuni padha bêcik.

Sêngkuni: Iya, gèr, kowe padha basuki.

Baladewa: Adhi Wrêkudara, têkaku kene nglari anakmu Si Gathutkaca, anggawa pangantèn ing Dwarawati, dibêcikake karo Irawan, nganggo gawe gêlar ninggal bathang buta.

Bima: Wong ana manungsane, iya tak takoni. Gathutkaca, majua, tak takoni, apa kowe anggawa putri Dwarawati.

Gathutkaca: Botên.

Bima: Tak sêpatani.

Gathutkaca: Botên.

Bima: Wis minggata. Gênti Irawan majua, tak takoni, apa kowe ngiwat putri Dwarawati.

Irawan: Botên.

Bima: Tak sêpatani.

Irawan: Botên.

Bima: Wis minggata. Kapriye, Baladewa kakangku, bocahe padha ora ngaku.

Baladewa: Wong kaya ngono patakonmu, mara yèn [yè...]

--- 134 ---

[...n] dhasar têmên, tak core timah, yèn ora lonyoh ya rêsik, utawa têmên.

[Grafik]

Radèn Dursasana.

Bima: Iya coba corên.

Baladewa: Dursasana anjênanga timah, yèn wis gawanên [gawanê...]

--- 135 ---

[...n] mrene.

Dursasana: Inggih sandika, sampun rampung, sumăngga punika.

Bima anggêrêng sarta anggêgêm tangan: Iya banjurna. Apa cara, wong ana ngomahe dhewe ditatrapi.

Durna: Monyor-monyor, kapriye, gèr, wong dhegus. Bênêrmu têka tok anggo dhewe, durjana iku akèh wêwilangane, sabab pratingkahe rupa-rupa, elingku: 30. sêdhakêp ngawe-awe, ngidak sikil anjawil mungkur, kêdhèp karo anthuk, bedhung apirowang, nêbu sauyun, kêthèk saranggon, iku kabèh kalêbu durjana, mula ulungna bae putri Dwarawati.

Bima: Bênêr caturmu, nanging katrape kalawan saksi, utawa wis dadi pangakune.

Durna: Ah, iku ora, sabab wis kalêbu ing bêbasan: rênggiti, kiti, singgah-singgah, mati jêmur. Rênggiti iku tikus, kiti iku tuma, singgah-singgah iku macan, mati têmên, jêmur cèlèng, iku kabèh ngêndi ênggone katêmu wajib dipatèni.

Bima: Aku ora mangkono, kaya ta: tikus, wênange dipatèni manawa ngrusak barang, mangan panganan kang ana pasimpênan. Tuma, wênange dipatèni manawa ana ing bathuk. [bathu...]

--- 136 ---

[...k.] Macan, wênange dipatèni, manawa mêtu saka ngalas. Cèlèng samono uga, kêna dipatèni yèn lunga saka sudhunge, amangan tanduran. Kowe arêp masesa buron kang ana ngomahe dhewe, cobanên.

Durna: Uh, yèn mangkono dak arani kowe dhasar nêbu sauyun, ngêthèk saranggon.

Bima: Aku ora mukir, dhasar tunggal sabundhêlan, dhasar barêng cêkrohe. Balik tatrapane wong amancah rêmbug kang wis padha dadi rujuke, kapriye. Manèh aku tămpa paturane bocah Ngamarta, duwèke kêbo têlu padha dioyot marang wong Ngastina, kêbo sawonge têkakna saiki, tak jaluk, kowe anggolèki maling, wêkasan dadi maling.

Radèn Bima anggêrêng sarta anggêgêm bithi.

Sêngkuni: Wakne gondhèl Durna, wêtêngku kok krasa mulês, tutugna lèhmu caturan.

Lajêng kesah.

Dursasana: Man kula kok ênggih mêkotên, wêtêng kula gumrujug. Si mêngkono nèk êmpun kaya wong kadhêmên, sintên sing wani.

Durna: Adhi Suni, aku ya mèncrèt, êntènana, wong padha lara wêtêng andadak ora ajak-ajak.

--- 137 ---

Sami kesah, kantun Prabu Baladewa.

Bima: Lo, kapriye, kok padha minggat. Gathut, matane mlolo bae, wakmu Baladewa blojodana.

Radèn Gathutkaca trangginas ingkang uwa lajêng dipun rangkul. Gamêlan sêsêgan, udrêg gêlut dêdêl-dinêdêl, ngantos dumugi ing ngalun-alun, gêntos banting-binanting, Bima nyêlaki ingkang gêlut, gamêlan suwuk. Sabên Gathutkaca kalèyèk, badhe dipun banting, Bima anjorogakên, dhawah, Prabu Baladewa wontên ing ngandhap, lajêng ngadêg malih ngabên karosan.

Baladewa: Iki tênanan, apa guyon.

Bima: Guyon karêpmu, têmênan karêpmu, aku ora wiwit.

Baladewa: Aah, rak padha guyon bae.

Bima: Kene, Gathutkaca, wakmu tak buwange bae. Baladewa kakangku, aja tiba-tiba, yèn ora tiba Mandura.

Prabu Baladewa lajêng dipun bucal, gamêlan sêsêgan, Korawa bibar sami mantuk. Prabu Krêsna anjog saking gêgana sarwi musthi Cakra, suwuk.

Krêsna: Ora, Wrêkudara, kaya wong lanang dhewe, ana kakang Prabu Mandura digawe dolanan. Apa kowe wêntala katiban Cakraku.

--- 138 ---

Gamêlan sêsêgan, Krêsna ngangsêg, Wrêkudara mlajêng dhatêng ênggènipun Arjuna, gamêlan suwuk.

Bima: Aku wêdi karo besanmu, măngsa bodhoa kowe, yèn karo kowe ngalah bae, ipe dadi besan.

Arjuna: Kulaa nika ênggih wêdi. Jaba Si Ăngkawijaya, kula bisikane, kajênge mapagake. Kulup, wakamu papagna, Cakrane suwunên, sangadia kok anggo matèni awakmu dhewe.

Abimanyu: Inggih sandika.

Lajêng mangkat, gamêlan Ayak-ayakan. Abimanyu dumugi ngarsaning nata Krêsna, gamêlan suwuk.

Krêsna: Kowe Ăngkawijaya, wakmu, ramakmu, padha ana ngêndi, arêp tak Cakra, ora suda rasaning atiku, kang bocah diajokake, mingkira[21] aja ana ngarêpku, ngewuh-ewuhi.

Abimanyu: Manawi uwa aji karsa paduka dhatêng rayi-rayi sampeyan, luwung kula sampun ngantos sumêrêp.

Krêsna: Mulane sumingkira, tutupana matamu, cikbèn aja wêruh.

Abimanyu: Mata kula tutupi, kuping taksih mirêng.

--- 139 ---

Krêsna: Ya tutupana kupingmu, dadi ora dhèngêr ora krungu.

Abimanyu: Sêntukipun manah kula taksih kraos. Mila sanjata Cakra kula suwun.

Krêsna: Cakra tok gawe apa.

Abimanyu: Badhe lajêng kula tamakakên kêkulunging manah kula, sadasa kula gêsanga, tiyang sêpuh sami botên sae, bingah kula pêjaha rumiyin.

Krêsna: E, la, iku ora, ngèmbèt-èmbèt daging kang waras.

Radèn Arjuna lajêng nyikêp Prabu Krêsna saking wingking.

Arjuna: Êmbuh ora idhêp, sareka-rekane, kapok apa ora, yèn ora kapok, budia mêngko tak but loro.

Krêsna: Iya, ta, wis, kapok.

Arjuna: La, manawi kakang prabu sampun kapok, Siti Sêndari sampeyan antukakên.

Krêsna: Mêngko ta, Siti Sêndari kuwe têkane ing Dwarawati, tuture tok pêgatake, banjur tok tundhung.

Arjuna: Inggih kadangua Siti Sêndari, yèn kula pêgatakên.

Krêsna: Tujune iki Siti Sêndari tak gawa. Rara, mêtua.

--- 140 ---

Siti Sêndari mêdal saking sêsupe, pathêtan.

Krêsna: Siti Sêndari, kowe tak takoni, mulihmu têka Dwarawati, sarana dipêgatake apa ora.

Sêndari: Botên kapêgatakên, saking kajêng kula piyambak.

Krêsna: E, la, didol nguwong, awakku, dalah anak bae kok dadi mungsuh. Wis ta, mèlua lananganmu. Mêngko, ta, kaipe, aku takon, Sitisari apa wis ana kene.

Arjuna: Inggih, sampun wontên ing ngriki.

Krêsna: La, mêngkono, lêga atiku.

Kasaru gègèring jawi, mêngsah dênawa dhatêng, gamêlan sêsêgan, lajêng suwuk.

Ratu ditya: Wong Ngamarta, papagên aku, yèn kowe ora mapag, putri Dwarawati wènèhna aku.

Krêsna: Adhi Wrêkudara, karo anakmu Si Gathutkaca, papagên mungsuh buta.

Trangginas Bima lan Gathutkaca mapag prang, raja dênawa sabalanipun pêjah, lajêng Ayak-ayakan, Krêsna pêpanggihan kalihan Prabu Puntadewa, sakadang pêpak, Krêsna lajêng pamitan mundur. Tancêp kayon, bibar.

--- [0] ---

Isinipun ... kaca

1. Jêjêr ing Dwarawati ... 3

2. Kadhatonan ... 20

3. Paseban jawi ... 22

4. Adêgan ing Pamênang ... 29

5. Adêgan ing Jongbiraji ... 34

6. Adêgan ing pratapan Yasarata ... 46

7. Pêrang sêkar ... 58

8. Adêgan ing Madukara ... 71

9. Adêgan ing Ngastina ... 91

10. Togog munjuk ing ratunipun ... 101

11. Adêgan ing Ngamarta ... 104

12. Kadhaton Dwarawati kalêbêtan pandung ... 110

Katrangan ... 141

--- 141 ---

Katrangan

Mênggah kaolipun abdi dalêm dhalang ing Surakarta, ingatasipun gêndhing tuwin pathêtan, kados ing ngandhap punika:

Wiwit jam wolu sontên, majêng dhatêng sangandhaping balencong, sampun mungêl gêndhing Karawitan, laras nêm. Sasuwuking găngsa lajêng pathêtan, lajêng ada-ada, lajêng angginêmakên ringgit ingkang minăngka jêjêr, mênggah namaning gêndhing ingkang mungêl malih, sasênêngipun dhalang, anggêr larasipun manut wanci ingkang dados adat, kados ta: ingkang sampun kêrêp kaangge ing dhalang, jêjêr gêndhing Karawitan. Kadhatonan gêndhing Titipati utawi Damarkèli. Pasowan jawi, gêndhing Prihatin, utawi Kadhaton Bêntar. Wêdaling ratu sabrang utawi dênawa, gêndhing Guntur. Wêdaling pandhita, gêndhing Laranangis. Punika taksih sami laras nêm. Sabibaripun pandhita wiwit laras sanga, anyarêngi wanci têngah dalu, badhe anêdha ungêling gêndhing sadhengaha, inggih kêdah laras sanga. Santuning laras sanga, punika wanci lingsir dalu, utawi jam tiga, wiwit lingsir wau dumugi enjing larasipun manyura.

Wondene bab dunung-dunungipun suluk, utawi pathêtan, manawi badhe anyaritakakên pangandikaning ratu utawi

--- 142 ---

minăngka sêmu singêring kaprabon, punapadene wêdaling ringgit ingkang wănda thêlêngan, punika suluk ada-ada. Manawi ringgit ingkang wănda sarèh, namung pathêt manut larasipun. Manawi ringgit nêpsu, grêgêt saut. Ringgit mêmêlas, tlutur.

Dene suluk sastradatan, kanggenipun namung anyêlani satêlasing pangandikanipun ratu ingkang mêdal sawêg jêjêr, minăngka sêmunipun ingkang dipun pangandikani, lajêng anggagas ingkang badhe kalampahan.

Suluk astakusala,[22] namung kangge ing wêkdal ringgit mêntas andhawuhakên angkating prajurit ingkang lajêng kapalan.

Ada-ada Palaran, namung tumrap ing ringgit nêpsu mawi ngêrês, kados ta: sumêdya amungkasi pêrang, utawi nêpsu sangêt, ingkang badhe botên ajrih pêjah.

 


§ Têtêdhakan saking buku sêratan tangan ingkang sumimpên wontên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W. (kembali)
anggana. (kembali)
panjang. (kembali)
kamanungsane. (kembali)
wurunge. (kembali)
padakacrêma. (kembali)
gêntur. (kembali)
gajah. (kembali)
nglirwakake. (kembali)
10 botên. (kembali)
11 Togog. (kembali)
12 cêndhèk. (kembali)
13 Gêndhing. (kembali)
14 kula. (kembali)
15 sarikutan. (kembali)
16 kula. (kembali)
17 Prabu Ngamarta. (kembali)
18 tugur. (kembali)
19 rêgêjêgan. (kembali)
20 Lampahipun. (kembali)
21 sumingkira. (kembali)
22 astakuswala. (kembali)