Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  2. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  3. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  4. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  5. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  6. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  7. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  8. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  9. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  10. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  11. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  12. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  13. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  14. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  15. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  16. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  17. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  18. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  19. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  20. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  21. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
Image

Serie No. 1259c

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 4.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

Prajuritipun Pangeran Mangkubumi angrampit kitha Surakarta§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

34. wus sami mundur lon-lonan | punggawa sami nèng wuri | Tumenggung Suryanagara | rasukan baludru wilis | apinggang puspitabrit | lancingan baludru wungu | udhêng jingga rinenda | anyuriga dhuwung katri | asêsirig anglangak ngiwa gandhewa ||

35. turôngga bopong apancal | kêkalih sukuning wuri | sêmune ladak baranyak | abagus pasêmon êdir | pantês mantêp ing jurit | Mas Rôngga rasukanipun | kotang putih kewala | akêkancing watu sapir | alancingan sangkêlat ijo rinenda ||

36. udhênge kinawêng Arab | anyuriga dhuwung katri | turôngga cêmêng adhehan | pantês dhokoh ing ajurit | Jayadirja winarni | leja bang rasukanipun | srêban kudhung binara | sruwal kombor cit surati | dhuwungipun kêkalih katiga pêdhang ||

37. kudane dhawuk bang pancal | anjojog agêng tur inggil | pantês tandho ing ayuda | wau kang sami nututi | Jayakartika mantri | kadipatèn prapta nusul | bêkta kônca sadasa | Bangkok kang dèn pituturi | cêlukêna ki kakang udhênge jingga ||

38. sumbarana kon mandhêga | iya iki Si Suwandi | Bangkok anguwuh sêsumbar |

--- 4 ---

payo mandhêga Suwandi | ing kene padha bêcik | Dyan Suryanagara ngrungu | nolih sarwi angucap | iya mêngko sun andhêgi | nanging bojonira saosna paesan ||

39. nulya pinistul tan kêna | kudane tansah sêsirig | amalês manah ping tiga | Suradirja duk miyarsi | sigra dènnya nglancangi | tan kawawa ngampêt kalbu | nangis sarwi sêsumbar | payo mandhêga Suwandi | dudu lanang lamun sira wêdi pêrang ||

40. Suradirja mèh narajang | Tumênggung Jayadirja glis | ngadhangi buntare Malang | Suradirja dèn gondhèli | Jakartika sarya ngling | cêlukên Si Jalal iku | Suradirja sêsumbar | hèh Jalal mandhêga bêlis | sarêbanmu ora ambêjaji sigar ||

41. Jadirja mèsêm kewala | Mas Rôngga kang gêbayani | praptèng wuri praptèng ngarsa | Jayakartika ngling malih | Tirtawijaya pinrih | cêlukên Si Gatha iku | nguwuh Tirtawijaya | payo Gatha padha bêcik | amandhêga sira setan ngobong wisma ||

42. Mas Rôngga Wirasantika | ngucap nudingi camêthi | hèh ta sanak Surakarta | padha Jawa dèn aeling | ing mêngko sun andhêgi | yèn prapta jaban prajagung | mêngko Garêmêt kana | ing kono sompok nagari | nora cuwa gêguyon lan bocah wana ||

43. prapta kilèn Buminatan | ngêblak-êblak kanan kering | katon wetaning Kaleca | na bandera kawan supit | lan ana payung putih | kadi senapatinipun | Jayakartika ngucap | sanak gawat laku iki | kulon [ku...]

--- 5 ---

[...lon] ika iya sawetan Kaleca ||

44. punggawane payung pêthak | Dipati Pugêr manawi | bali ing kene kewala | nanging aja nuli bali | padha ngêntèni dhingin | ywa kongsi katon ing mungsuh | tan dangu gandhèk prapta | mariksa mungsuh nèng êndi | ingkang para priyayi gambuh aturnya ||

29. Ing kitha Surakarta prajurit angêlud mêngsah ingkang ngrampit kitha

34. Gambuh

1. pinanggih sampun mundur | wetan Kaleca ing kèndêlipun | nanging inggih punika bantune prapti | wontên kuda gangsal atus | tan obah kèndêl kemawon ||

2. gandhèk prasamya dulu | wontên pintên gunggunge puniku | kang nauri watarane apradondi | wontên matur pitung atus | wontên wuwuh wontên kalong ||

3. Jayakartika muwus | kang ngrampit wau mung tigang atus | Rôngga Wirasantika Suryanagari | myang Jayadirja Tumênggung | katri pangiriding pupoh ||

4. kula kêkinthil wau | lan kônca kathah mung tigang atus | sanèsipun punika pan sawêg prapti | kang songsong pêthak puniku | Pugêr gêgêdhuging benggol ||

5. gandhèk prasamya wangsul | dinamêl atur kang pitung atus | pra priyayi abdi dalêm kang nênggani | Buminatan kilènipun | kèndêling baris amanggon ||

6. gêdhong kaparakipun | pan kajawi para [pa...]

--- 6 ---

[...ra] kadangipun | pra abdine santana kliwon bupati | datanapi abdinipun | jêng pangeran dipatyanom ||

7. tuwin mantri sapuluh | Jayakartika pangiridipun | samya nganti dhawuh timbalan narpati | wong gandhèk ing lampahipun | laju tumamèng kadhaton ||

8. panggih bupati tungguk | wus lajêng konjuk kangjêng sang prabu | dèrèng kondur taksih wonten srimanganti | saatur-ature katur | gandhèk ing sri narakatong ||

9. ngandika sang aprabu | bocah gandhèk kang kongsi prang mau | timbalana iridên ing ngarsa mami | liyane dimène tunggu | anèng Buminatan kono ||

10. gandhèk sandika wangsul | marang ênggèn pabarisanipun | praptanira têtiga kang dèn timbali | Suradirja Martalulut | Bangkok Jakartika Dhelo ||

11. kang tinanggênah kantun | maspadakakên unduring mungsuh | Radèn Tirtawijaya kaliwonnèki | Pangran Pakuningratipun | aywa obah saking ênggon ||

12. yèn dèrèng mêngsah mundur | sawusira gandhèk sigra wangsul | ngirid lampahira ingkang dèn timbali | nênggih priyayi katêlu | binêkta manjing kadhaton ||

13. prapta ing ngarsa prabu | winiji-wiji pandangunipun | Angabèi Jakartika matur dhingin | sasolah-solahe katur | priyayi têtiga gêntos ||

14. duk miyarsa sang prabu | langkung suka gumujeng angguguk | abdi dalêm gandhèk kinèn andhawuhi | mring sang mantrimuka lamun | bakdasar miyos [miyo...]

--- 7 ---

[...s] sang katong ||

15. gêgaman kang angumpul | dipun pêpak anèng alun-alun | Adipati Sindurja sigra ngundhangi | mring sagung para tumênggung | panèwu mantri pangisor ||

16. dèn pêpak pukul têlu | tur sandika ingkang tampi dhawuh | tan winarna bakdasar sagung prajurit | abaris ing alun-alun | loring wringin kurung abyor ||

17. santana pra tumênggung | miwah Dipati Sindurêja wus | sowan pêpak anèng pagêlaran sami | nulya miyos sang aprabu | oprup dhèrèk datan adoh ||

18. lênggah bangsal manguntur | tan adangu sigra dènnya mundhut | kudanira Endracapa wus kinambil | têdhak nitih kuda prabu | miwah Oprup Totlomondo ||

19. ngubêngi baris agung | kuda kalih mubêng nèng lun-alun | wusnya dangu têdhak mring bangsal pangrawit | tuwan oprup datan kantun | Sindurja umatur alon ||

20. pukulun sang aprabu | abdi dalêm ingkang atut pungkur | kang ngênginthil nalika mêngsah dhatêngi | anacahkên pra tumênggung | têrangipun ingkang mungsoh ||

21. gangsal punggawanipun | ambêkta prajurit amung nyatus | kanêmipun pun Paridan kang nindhihi | kèndêl pacak barisipun | wontên ing dhusun Gajahwong ||

22. kang prapta kalawau | ngrampit malêbèng jroning prajagung | tan sadaya nanging mung tiga bupati | tri atus prajuritipun | saking Pringgalayan ngalor ||

23. Jayadirja Tumênggung | Suryanagara kang atut pungkur | Rôngga Wirasantika

--- 8 ---

katiganèki | amung punika pukulun | kang tiga mung jagi banton ||

24. Pugêr têtindhihipun | kanthi Ranadiningrat Tumênggung | katigane Puspanagara manuki | anêlukakên wong dhusun | wontên dhusun ing Gajahwong ||

25. ngandika sang aprabu | Sindurêja andangua gupuh | darunane Sakèbêr lan adipati | muthak-muthêk nora maju | marang panggonane mungsoh ||

26. gêgalak racak iku | ing praja uwis dèn ambah mungsuh | Sukawati nora nuli dèn lêboni | Sindurêja sigra nuduh | duta mundhi dhawuh katong ||

27. prapta barisan dhawuh | adipati sakèbêr duk ngrungu | duka nata gugup angundhangi baris | budhal sawadyane kêbut | kèndêl prapta ing Garompol ||

28. konjuk jêng sang aprabu | lamun baris Jatimalang sampun | sami majêng kunêng wau sri bupati | dhawuh mring gandhèk ingutus | nimbali manjing kadhaton ||

29. Sindurja kalihipun | Pangran Pakuningrat ngirid laku | mantrinira jeng gusti pangran dipati | kang kaloka wantêripun | pun Jayakartika Dhelo ||

30. praptaning ngarsa prabu | katrinira samya makidhupuh | angandika alon kangjêng sri bupati | hèh dandana sira iku | iya ingsun tuduh Dhelo ||

31. mring Wanakarta tugur | pacak baris lamun ana mungsuh | kang anglarag punggawane Mangkubumi | kang ana lor Kalijêruk | baris desa ing Gajahwong ||

32. dhêgên ywa kongsi maju | lamun abot dèn enggal lumayu |

--- 9 ---

lan sira Jamênggala kanthinirèki | Dhelo sandika wotsantun | ngandika malih sang katong ||

33. mangkata dèn agupuh | lan Si Rajamênggala Tumênggung | wong jro rakah tarubna arahannèki | pacaka barisirèku | de bubuhanira Dhelo ||

34. kabèh sawetan gunung | Mrapi lawan ing gunung Rêbabu | tarubena ajakên apacak baris | nèng Wanakarta dèn kukuh | dèn angati-ati Dhelo ||

35. sandika aturipun | sarwi nolih ngilèn dènnya muwus | dhuh bandara manira ing dina benjing | lawan êmbèn dèn bêburu | mring Jadirja dèn kêkolong ||

36. bandara datan wurung | pun Jayadirja kula bêburu | sarwi ngakak Sindurja alon nauri | manira dongakkên sukur | hèh anak dipun kalakon ||

37. timbalane sang prabu | kalih umarêk ing ngarsa prabu | Jakartika Rajamênggala ngabêkti | sawusira sigra mundur | laju umangkat karoron ||

38. prapta pukul sapuluh | nèng Wanakarta ing lampahipun | Jakartika utusan mring urut Pêngging | pinrih samya prapta esuk | enjinge brubul punang wong ||

39. sadintên elar-elur | wus kapyarsa barisaning mungsuh | lamun Jayakartika ingkang mêdali | Rajamênggala tut pungkur | akathah mantri jro miyos ||

40. orêg barising mungsuh | dene rare wantêr arsa magut | sami gunêm mring gène Sang Adipati | Pugêr sami aturipun | pun Jayakartika Ngêndho ||

--- 10 ---

41. Dipati Pugêr muwus | hèh dèn padha ngati-ati tuhu | pan Si Jayakartika wong nglêluwihi | wus têtela bobotipun | sun dhewe ngawaki wêroh ||

42. duk kala bêdhahipun | ing Kartasura anggawa ingsun | Cina pitung puluh kudu milu mati | tan kena sun tulak wangsul | sapraptaningsun ing Ngêndho ||

43. nuli ingsun têtungkul | bali maning mangalor wak ingsun | Cina pitung puluh kang kari pinalih | saparo sêntananipun | dhinedhekan kang saparo ||

44. sanake pitu likur | amungsuh Cina kang kapat sasur | kapat sasur Dhelo ingkang andhèwèki | tumpês Cina kapat sasur | ngêndi ana wong mêngkono ||

45. duk prang layapan iku | Cina sapuluh anèng parau | dèn lumpati ijèn Cina tan ngundhili | matine Cina sapuluh | rinukêt bae ginoco ||

46. duk samana pan durung | dèn abdèkkên suwita ing ratu | mung suwita marang wakane Pak Cêplik | Si Kakang Endrakacendhul | suprandene dudu bobot ||

47. sapa tandhinge iku | Si Dhelo iku dhasare bagus | kaya Wirun mung pundhak suda sajênthik | tandhinga anak tumenggung | Ranadiningrat tan asor ||

48. Ranadiningrat mungguh | amanjing tuwa wangunanipun | anak rôngga kalah ragang yèn tinandhing | sinôngga ngètêl puniku | dadi rame tan ana sor ||

49. Mas Rôngga lon sumaur | kula sandika paduka adu | anggêr dede malaekat saking langit |

--- 11 ---

lamun manusa satuhu | sagène purun prang popor ||

50. inggih ing têmbenipun | lamun wontên dhadha ênggènipun | Jakartika paduka kang anandhingi | Ranadiningrat Tumênggung | Suryanagara wong roro ||

51. Jayadirja Tumênggung | lawan Pusparana kanthinipun | amanggèna munggèng ing pangawat kering | sami lawan têngênipun | prasamya tumênggung roro ||

52. dene bêkêl panajung | padha kiwakna ana ing pungkur | para mantri panèkêt kang anèng ngarsi | pan salawe wurinipun | singa kang mengo rinampog ||

53. yèn uwis padha rêmbug | sapisan iki dèn padha pamuk | ngêrêmêna netra dèn madhêp Hyang Widhi | yèn kongsia kapalayu | mung aprang lawan Si Dhelo ||

54. gêgawa tiwasipun | ilang kandêle marang wadyagung | yèn unggula iya ing sapisan iki | wuwuh kandêling wadyagung | sabarang tingkahe dados ||

55. poma dèn padha emut | nêdyaa mati pasrah Hyang Agung | iya pirabara lamun nêmu urip | yèn tiwas kocap ing mungsuh | dene ta amung samono ||

56. wong alas bobotipun | padha kumaki murwèng prang pupuh | iya lagi winêton bêbêkêl siji | nora pira wus lumayu | bobote si êntut bêton ||

57. marma kônca dèn guyub | anglêlèdhèk manas atinipun | rayahana de sakiwa têngên baris | yèn kongsia pitung dalu | Si Jayakartika abot ||

58. prihên [prih...]

--- 12 ---

[...ên] nuli anêpsu | bingungên padha padesanipun | obongana kang caket ênggoning baris | uculana bajag gundhul | dimène tyase kabrongot ||

59. yêkti yèn banjur magut | Jayakartika surane gêcul | iya môngsa ngêntènana rowang malih | wus watêke lanas bêrung | kuwanène mangkur lenyot ||

30. Jayakartika pêjah ing paprangan, kitha Surakarta kêkês Pangeran Mangkubumi gêtun

35. Pangkur

1. wuwusên Jayakartika | lan Tumênggung Rajamênggala sami | wus kathah arahanipun | kumpule ingkang dharat | sampun wontên cacah sèwu tigang atus | tigang atus kekapalan | Rajamênggala kang baris ||

2. sampun nêmatus kang dharat | kapal satus sawêg eca alinggih | wontên bêbêkêl umatur | yèn mêngsah sami nabrang | angobongi sagung wismaning wong dhusun | saurute dipun rayah | sampun gusis kêbo sapi ||

3. Jakartika duk miyarsa | lajêng bêndhe kumrap sagunging baris | Rajamênggala amuwus | anak paran ing karsa | botên ngèstokakên timbalan sang prabu | nauri Jayakartika | ingkang timbalan sang aji ||

4. atugur ing Wanakarta | mangke bumi ngriki kang dèn rayahi | dadya tanpa karya tuhu |

--- 13 ---

jajahan tan karêksa | tiyang alit ical pitik iwènipun | sayêkti prasasat pêjah | yèn paduka kêdah kari ||

5. inggih sakarsa paduka | kula mapag mêngsah dintên puniki | amrih mêngsah kesahipun | saking ing Panilaran | bilih sampun yêkti kula nuntên wangsul | amrih wiyaring jajahan | Rajamênggala nauri ||

6. inggih yèn makatên anak | kula tumut sigra bidhal kang baris | wus akumpul kalih èwu | kapal miwah kang dharat | kathah dharat akêdhik turangganipun | gumuruh asurak-surak | dhusun Têmpuran wus prapti ||

7. kèndêl makuwon sadaya | maksih gili kang kantun prapta malih | turôngga dharat asêlur | angling Rajamênggala | yèn ngantia inggih anak tigang dalu | yêkti arahaning anak | wontên kalih mèntên malih ||

8. wau kang wadya arahan | kathah lajêng anyabrang ngalèr sami | obah pakuwoning mungsuh | satêngah ana mêdal | panyanane Jayakartika kang magut | gègèr samêktèng ayuda | dangu-dangu tan kaèksi ||

9. wus sami wangsul sadaya | diwasaning baskara wontên prapti | caraka lajêng anjujug | barise Jakartika | bêkta sêrat tinampèn binuka sampun | mungêl sêrate Dipatya | Pugêr Benggol Sukawati ||

10. wuse salam kula anak | mring andika Jakartika Ngabèi | ing lampah kula dèn utus | Jêng Gusti Sukawatya | angrêmbagi ing anak [ana...]

--- 14 ---

[...k] kalamun sarju | angabdi kangjêng pangeran | dika anak dèn kauli ||

11. yèn mingsêr aris-arisan | majêng ngetan anak kang dèn pasrahi | kabèh sawetaning gunung | ngangkat dadya bupatya | sinung juluk Dipati Jayabinangun | limang èwu kidul dalan | anak dhewe kang duwèni ||

12. yèn bisa ngêlar jajahan | pira-pira jêng gusti tan mangêni | winênang karya tumênggung | anak para kalilan | saolèhe pitung èwu wolung èwu | mung para ingkang kuwasa | titipa nuksmaning tulis ||

13. mancêrêng ngling Jakartika | mêjanani munyuk ing Sukawati | iya dudu kere ingsun | dudu wong pêdarakan | sajung rong jung maksih kawulaning tu |Kurang satu suku kata: sajung rong jung maksih kawulaning ratu. nora melik pangêbangnya | para gênjik Sukawati ||

14. sêrat winangsulkên sigra | hèh caraka sun tan sudi mangsuli | sun kinon mocok dhasipun | Pugêr Suryanagara | lan Si Rôngga kapat Jayadirja iku | nora numbak tambuh ingwang | sesuk esuk ingsun gitik ||

15. kang caraka sampun nulak | prapta katur maring sang adipati | katur ing sawuwusipun | Ngabèi Jakartika | samya suka gumujêng para tumênggung | ing dalu datan winarna | enjing kêkirab kang baris ||

16. Ngabèi Jayakartika | wus samêkta gêlarirèng ajurit | Rajamênggala Tumênggung | dadya pangawat kanan | dharatira nêmatus turôngga satus | kang dadya pangawat kiwa | sarupane wong ing Pêngging ||

17. kêkapalan pitung dasa | tigang [ti...]

--- 15 ---

[...gang] atus dharat langkung watawis | wontên wolung dasa pitu | ngalèr ngilèn lampahnya | pan katanggor ing papan radi gêgunung | kang pinangku Jakartika | kalih bêlah kang turanggi ||

18. tigang atus ingkang dharat | saluwihe kinèn nèng wuri têbih | nanging ta maksih kadulu | kinarya rewa-rewa | Jakartika ginrêbêg pra wadyanipun | pangajêng kapal sawidak | sarêng dènira lumaris ||

19. kiwa têngên kang pangawat | kang pangarsa sarêng dènnya lumaris | tan dangu nulya kadulu | pamanggèning kang mêngsah | Jayadirja kang pangawat têngênipun | ingkang dadya kanthinira | Dyan Singadirja Ngabèi ||

20. kêkapalan kawan dasa | miwah malih Amad Salèh Ngabèi | sawidak kapalanipun | gunggung pangawat kanan | prajurite wahana kuda rongatus | angidul ngilèn lampahnya | dene kang pangawat kering ||

21. Tumênggung Ranadiningrat | lan Tumênggung Pusparana anunggil | ngidul ngetan lampahipun | kalih atus turôngga | pêpilihan Ranadiningrat wongipun | prasamya wahana kuda | tan wontên dharat satunggil ||

22. saksana sarêng katingal | Adipati Pugêr manggèn nèng wuri | pandulune ngulon ngidul | miwah pangawat wetan | Adipati Pugêr angadani nêmpuh | dadya prajurit pangawat | kang samya campuh rumiyin ||

23. bêdhil-binêdhil aramya | Pusparana Ranadiningrat sami | anèng ing ngarsa gènipun | ngangsêg nêsêg abayak | datan ana nglancangi

--- 16 ---

banderanipun | binendrongan ing sanjata | tan kandhêg pangangsêgnèki ||

24. kuda rongatus sarêngan | Adipati Pugêr ngabani baris | kinèn angangsêga purun | sigra turangganira | pra prajurit anjojog nongklang anêmpuh | akukuk surak gumêrah | datan kandhêg dèn bêdhili ||

25. Tumênggung Rajamênggala | pan kapêlak tan bangkit anadhahi | dhadhal kang wadya malêdug | lumayu salang tunjang | pan kesisan tan olèh ngadu wongipun | Tumênggung Rajamênggala | sampun lumayu dèn ungsir ||

26. Dyan Tumênggung Pusparana | sawadyane ingkang prasamya ngungsir | Ranadiningrat kang wangsul | mingêr ngilèn barisnya | Dyan Tumênggung Jayadirja ngadu campuh | arame ulêng-ulêngan | pangawatira wong Pêngging ||

27. wong Pêngging karoban lawan | bêdhil luput lamun binêdhil kêni | nanging dèrèng nêdya mundur | kinawêt saking wetan | wus aliwung wong Pêngging pangamukipun | saking akathah kang pêjah | nemlikur para pêtinggi ||

28. wus dhadhal dharate samya | kawan wêlas wong dharat ingkang mati | Dyan Jayadirja Tumênggung | bikut pangamukira | para mantri ngawaki prasamya ngamuk | kiwa têngên sampun sêmpal | pangawat kiwa kèh mati ||

29. santanane Jakartika | amicara kadipundi puniki | sampun sêmpal kalihipun | inggih pangawat dika | ingkang têngên ngrumiyini pêdhotipun | tan wontên pêjah satunggal | pangawat kiwa kèh mati ||

30. kadi langkung tigang dasa |

--- 17 ---

tiyang Pêngging ing aprang kang ngêmasi | napa dika tan lumayu | kidul lèpèn kewala | Jakartika nora sumaur marêngut | dadya kèndêl kang angucap | pangarsa binêrêg nisih ||

31. Mas Rôngga Wirasantika | mangsah sareng lawan Suryanagari | Jakartika ênggènipun | lêlêbak iring arga | ingkang taksih dharat wonten kalih atus | Mas Rôngga awas tumingal | yèn Jakartika Ngabèi ||

32. mêdhun jog saking turôngga | lumaksana dharat tan mawi klambi | Mas Rôngga rasukanipun | sinuwèk gya binuwang | wusnya cêlak Suryanagara anguwuh | hèh Jakartika têluka | eman manawa ngêngmasi ||ngêmasi.

33. Jayakartika samana | bêbêdipun inggih sêmbagi wilis | cindhe kêmbang sabukipun | udhêng jingga rinenda | sadangune dipun ampil dhuwungipun | ing mangke wiwit dhuwungan | mungsuhe samya nyêlaki ||

34. nanging dèrèng nyêpêng tumbak | datan môntra-môntra wong magut jurit | lir lêledhang têgar iku | nguwuh-uwuh Mas Rôngga | Jakartika aja ta pugal sirèku | yèn sira gêlêm nungkula | sayêktine nêmu becik ||

35. Jakartika angling sugal | hèh dubilah pêpathak Sukawati | akon anungkul maring sun | wong mangan bras tadhahan | bêras kasap kongsi agigis untumu | Si Jayakartika mangan | bêras wangèn saben ari ||

36. ambungên tanganmu padha | mambu apa hèh gênjik Sukawati | apa jampêng gêgobogmu | yèn wetan Mrapi ana | bocah [bo...]

--- 18 ---

[...cah] nganjir kalima plananganipun | môngsa ta dhêrakalana | têluk munyuk Sukawati ||

37. wau Tumênggung Jadirja | miwah Ranadiningrat sarêng prapti | saking bêbujung mangidul | wurine Jakartika | kang tinêmpuh wong dharate akèh lampus | tumpêsan kang sami gagal | lumayu mangidul sami ||

38. ana kang lumayu nunggal | marang gène Jayakartika jurit | wus parêng ing ajalipun | sigra Ranadiningrat | ngêtap kuda Jayakartika pinistutpinistul. | luput antuk santananya | kêna sirahe ngêmasi ||

39. gya Tumênggung Jayadirja | marêpêki wontên kilènirèki | Jayakartika pinunjul | kêna pilinganira | nora pasah nanging kobêng mengo bingung | emut gya nyandhak talêmpak | ngamuk sawadyanirèki ||

40. wontên dharat pitung dasa | wus kinêpung tan wontên angênèni | numbak inguncatan gupuh | lamun tinumbak kêna | Jakartika pinistulan ngalèr ngidul | talêmpakira tan angsal | kinêmbulan pra bupati ||

41. Suryanagara mêmanah | pra bupati kang samya amistuli | para mantri datan antuk | pra bupati kewala | wong cilike wus kinêpung kinarubut | tan ana bisa alihan | kadya numbaki cêcindhil ||

42. Jayakartika wus rêbah | gya pinocok utamangganirèki | sampun karsaning Hyang Agung | têka tan antuk bela | wong kang dharat pêjah sawidak têtêlu | anunggil sabin sakothak | dene ta kang

--- 19 ---

kudu urip ||

43. anyêkêl kudaning mêngsah | buwang kêris têluk sarwi anangis | wadyalit samya bêbujung | ngidul ngambil bandhangan | anèng Ngasêm dènnya pacak barisipun | Tumênggung Ranadiningrat | Dipati Pugêr anuding ||

44. angatêrakên mastaka | Ki Ngabèi MadMat. Salèh lawan malih | Ki Ngabèi Jayèngranu | sirahe winadhahan | anèng ancak wong kêkalih kang amikul | Dipati Pugêr akalnya | dene sirahe prajurit ||

45. cinara ancak saradan | jinajaran tumbak sanjata ngarsi | kang dulu akèh kapiluh | wau Pugêr Dipatya | pêparentah anêlukakên wong dhusun | tan lagya jinajayèng prang | yudane wong Sukawati ||

46. cinatur ingkang kaplajar | Dyan Tumênggung Rajamênggala prapti | ing nagara wanci surup | panggih lan Sang Dipatya | Sindurêja alon dènira umatur | pun anak Jayakartika | inggih kapupu ing jurit ||

47. aprang wontên Panêlaran | lèring Lèpènjêram mêngsahe jurit | Suryanagara Tumênggung | Rôngga Wirasantika | Jayadirja Ranadiningrat Tumênggung | myang Tumênggung Pusparana | gangsal ingkang pra bupati ||

48. boten kenging kula ampah | kêkathahên mêngsah kang dèn tadhahi | wontên ing dhadha gènipun | kula pangawat kanan | tiyang Pêngging kang pangawat kiwanipun | kula pun Ranadiningrat | lan Pusparana kang gitik ||

49. nanging botên patos laras | inggih kenging kula tadhahi miring |

--- 20 ---

pun Jayadirja Tumênggung | gitik pangawat kiwa | langkung wanter pangamukipun abikut | tiyang Pêngging kathah pêjah | cacah kawan dasa iji ||

50. dene kang nempuh pun anak | Rôngga Wirasantika lan Suwandi | tan sagêd tulung-tinulung | sampun ajêng-ajêngan | ingkang pêjah sarêng pun anak pukulun | têtiyang sawidak tiga | nunggil sakothak kang sabin ||

51. wau kalane miyarsa | Sang Dipati Sindurja waspa mijil | ngutus panakawanipun | kang wadon tuturana | yèn lakine anèng paprangan kasambut | makajangane jro kana | sawetaning kangjêng gusti ||

52. hèh Adhi Rajamênggala | dawêg kula bêkta manjing jro puri | ing mangke andika matur | sasolah tingkah dika | tiwasipun Jayakartika jro pupuh | wau dutane Sindurja | wus warti mring para rabi ||

53. rabine Jayakartika | duk miyarsa lakine angêmasi | sarêng jêlih tangisipun | rabinipun sakawan | santanane gumuruh ambata rubuh | sang nata kagyat miyarsa | lah sapa kang mucung iki ||

36. PocungTeks asli: Pucung.

1. wetanipun si kulup dipati iku | sang nata gya têdhak | kang putra dipun timbali | iya kulup sawetan jaro ana pa ||

2. tangis umyung kang putra nêmbah umatur | gih mantri kawula | pun Jakartika ngêmasi | gène aprang wontên salèr Lèpènjêram ||

3. sang aprabu sigra animbali wau | Dipati Sindurja | sapraptanira jro puri | wus angirid Tumênggung Rajamênggala ||

--- 21 ---

4. praptèng ngayun dinangu marang sang prabu | Sindurja tur sêmbah | Rajamênggala tur uning | Kalayuda kinarya pangawat kanan ||

5. kiwanipun tiyang ing Pêngging pukulun | pan sami bubuhan | botên kenging anulungi | tiyang Pêngging ingkang pêjah kawan dasa ||

6. pan kasêlut prange botên purun mundur | pun Jayakartika | kapupu madyaning jurit | sarowange cacah sawidak têtiga ||

7. wangkenipun pinocot tamangganipun | winadhahan ancak | pinikul tiyang kêkalih | jinajaran binêkta dhatêng Jakawal ||

8. ya ta wau alon ngandika sang prabu | ing sapungkurira | iya mungsuh ana ngêndi | nêmbah matur Tumênggung Rajamênggala ||

9. atut pungkur wontên Gumpang dèrèng wangsul | pun Suryanagara | Suwandi anglêlanangi | tan kumêdhèp kinarubut kalih dasa ||

10. sang aprabu dènira ngandika gugup | Sindurja mêtua | undhangana pra bupati | atugura nèng alun-alun sadaya ||

11. ywa katungkul pacalange dèn lumintu | Garêmêt Kaleca | kidul amataha mantri | ajagaa anèng ing Pajang Nglawiyan ||

12. wataraku Si Suwandi wani blêbumlêbu. | marang jroning praja | Rajamênggala turnyaris | dalu malih pukulun botên puruna ||

13. rintênipun inggih pun Suwandi purun | winongwong dening Hyang | rayi dalêm Sukawati | wadyanipun apurun-purun lêksana ||

14. jamakipun tyang antuk pêpêjah satus | apês antuk bela | mêngsah sadasa [sada...]

--- 22 ---

[...sa] ngêmasi | ing wusana mung tatu kalih kewala ||

15. sigra mundur dipati sing ngarsa prabu | undhang sanagara | aja na turu sawêngi | amêlèka bok mungsuh ing wêngi prapta ||

16. duk puniku wong jro praja alit agung | kêkês miris maras | miris uwas kêtir-kêtir | dene mungsuh gêguyon dadi tangisan ||

17. samya ngungun de samene bobotipun | iya sapa nyana | Jêng Pangeran Mangkubumi | dadi batur têka dadak dadi mêngsah ||

18. ya ta wau datan kawarna ing dalu | Dipati Sindurja | enjing malêbêt jro puri | tinimbalan praptèng ngarsa atur sêmbah ||

19. dhuh pukulun paran ing karsa sang prabu | pan abdi paduka | sajro praja ageng alit | sami kêkês tyasipun gêmpal sadaya ||

20. sang aprabu alon pangandikanipun | ya mêngko Sindurja | sun arsa miyos tinangkil | Adipati Sindurêja nulya mêdal ||

21. sigra dhawuh sowan pêpakan sadarum | ngalun-alun aglar | pra bupati miwah mantri | datanapi sagunging para santana ||

22. ya ta wau tantara miyos sang prabu | munggèng panangkilan | aglar satriya bupati | para mantri ingkang nindhihi gêgaman ||

23. pra tumênggung wus tilar barisanipun | ngandikan sadaya | aglar ing ngarsa narpati | sri narendra sora dènira ngandika ||

24. bocah ingsun para mantri pra tumênggung | miwah pra santana | kawruhana sira sami | aprakara patine Jayakartika ||

25. aja mêsgul aja na gêmpal atimu | Si Dhelo [Dhe...]

--- 23 ---

[...lo] palastra | tiwas madyaning ajurit | wus pinasthi saka karsaning Hyang Suksma ||

26. samya nuhun wadya sadaya turipun | sang nata ngandika | balik dèn angati-ati | manawa na ing cidrane mungsuhira ||

27. lamun dalu rundhanira dèn lumintu | Dipati Sindurja | nêmbah matur tur udani | sapunika inggih pangajênging mêngsah ||

28. sami mundur wontên lèr Pepe pukulun | pun Ranadiningrat | nèng Sokawoya abaris | samya ngantos dhawuhipun rayi tuwan ||

29. sang aprabu jêngkar sampun angadhatun | ing wêktu punika | sabên kèndêl pukul katri | sri narendra miyos lênggah magêlaran ||

30. nèng lun-alun ngidêri baris sang prabu | awahana kuda | ngecakakên tyasing dasih | kunêng gantya wau ingkang kawuwusa ||

31. lampahipun kang bêkta mastakèng mungsuh | prapta ing Jakawal | wus katur marang ing gusti | tinêdhakan wontên ing paseban jaba ||

32. duk andulu pangran mijil waspanipun | ngandika ya talah | liwat emane wong iki | têka mati pêpucuking bratayuda ||

33. mantrinipun kêkalih samya dinangu | katur aturira | miwiti malah mêkasi | saya ngungun agèdhèg sadangunira ||

34. duk puniku kang nuju sowan ing ngayun | bupati ing Dêmak | Warung Balora duk myarsi | samya dongong myat ngunguning gustinira ||

35. pangran muwus Suranata wruhanamu | mantrining sang nata | siji iki luwih bêcik | wantêr mantêp santosa labuh nagara ||

36. sabên ingsun kinon [kino...]

--- 24 ---

[...n] anglurug ngong suwun | duk prang Madegônda | pan ingsun kèsisan dasih | pan mung iki kang ana ing ngarsaningwang ||

37. nuli ngamuk amadhani wong sapuluh | akêplok angakak | tangkêpe lamun ajurit | ya mulane ing saparan ingsun gawa ||

38. kala ingsun ngosak-asik Gunungkidul | bêburu yayi mas | Buminata Singasari | amung iki ingkang dadi kanthiningwang ||

39. lamun iku olèhing pangajaningsun | lan Mangkunagara | Si Jayakartika wani | Arya Pamot lawan Si Mangkudiningrat ||

40. roro iku gêgayêmaning prang pupuh | dadi jênêng ingwang | nora susah bêbantoni | iya uwis dening Si Jayakartika ||

41. nora kudu ingsun ginawan tumênggung | sanadyan têlua | Si Jayakartika siji | ingsun pilih siji Si Jayakartika ||

42. waosipun lan dhuwungira wus katur | tinarik saksana | pangeran kagyat lingnyaris | dene iki Si Panji Mangunnagara ||

43. dhingin iku kang gadhuhi rama prabu | mring Mangunnagara | apa mulane ing mangkin | dene têka dèn anggo Jayakartika ||

44. dhinginipun Si Jayakartika durung | iya anganggoa | ing kêris Si Panji iki | yèn wus lawas pasthi kawruhan deningwang ||

45. ngandikarum hèh Mat Salèh Jayèngranu | balèkna marana | sirahe Si Dhelo nuli | kakang Pugêr konên wor gêmbunge kana ||

46. lamun durung jinupuk ing sanakipun | nadyan ta uwisa | susulna [su...]

--- 25 ---

[...sulna] sirahe iki | poma-poma ywa karya asmaraningwang ||

37. Asmaradana

1. jêng pangran ngandika malih | dhatêng ing Carangpradapa | Si Jayakartika kiye | ing nguni mantri kaparak | apa mulane dadya | mantri kadipatèn iku | hèh Carangpradapa sira ||

2. apa ta sira ngawruhi | ing purwane duk samana | lungsure kalungluhanekalungguhane. | Carangpradapa tur sêmbah | inggih mêningi amba | dipun suwun pocotipun | mring Dipati Pringgalaya ||

3. raka paduka sang aji | inggih anurut sakêdhap | nging lajêng kaparingake | dhumatêng putra paduka | pangeran adipatya | milane wontên pukulun | bratayuda sarêmpilan ||

4. Jakartika dèn kêcêki | dhatêng ing putra paduka | gusti pangran dipatyanom | wit sabine putra tuwan | tigang èwu punika | amung sèwu ingkang kantun | tinampèn putra paduka ||

5. ingkang kalih èwu maksih | wontên ing Kapringgalayan | dèn pundhut tansah sumados | botên angangge wêkasan | nuntên Jayakartika | kang kinèn mêndhêti purun | pundi kang kalêbêt sêrat ||

6. tyang Pringgalayan mêdali | para mantri para lurah | panumbak saragênine | mantri kêkalih kang têngga | nuntên Jayakartika | murugi sarwi kêkudhung | tobat mawia dhuwungan ||

7. rowang pitu rare alit | kabur tiyang Pringgalayan | pun Jagacitra pinocok | lawan pun Suradinala | inggih ugi tinigas | sirahipun kalih [ka...]

--- 26 ---

[...lih] katur | dhatêng ing putra paduka ||

8. putra paduka jêng gusti | nuwun lilah mring kang rama | ingkang sirah pamanjêre | timbalan dalêm kang dhawah | dhatêng putra paduka | kinèn manjêr wetanipun | nêm dhêpa saking Galadhag ||

9. dalu tinêngga ing mantri | yèn rintên lurah kewala | inggih manawi cinolong | dhatêng tiyang Pringgalayan | kinèn angrampog pisan | pan ing mangke sabinipun | pukulun putra paduka ||

10. sampun jangkêp amêndhêti | inggih saking Pringgalayan | kêdhik gène nyingêdake | Adipati Sindurêja | Pringgalaya kang kathah | Jêng Pangran Sukawati duk | miyarsa atêbah jaja ||

11. anjêtung dangu tan angling | lajêng sidhakêp kewala | mêrêm sarwi gèdhèg-gèdhèg | ya Allah astapirolah | dangu datan ngandika | pan amung anêbut-nêbut | wus antara dangunira ||

12. anulya atutup kuping | sawusnya dangu ngandika | mêngko sun idhêp karêpe | marmane jaili mringwang | iya Si Pringgalaya | dimèn tutug sêdyanipun | gone andhêplok nagara ||

13. iya apa kang pinanggih | wong gawe lêtuhing jagat | hèh Jayakartika kowe | sun walês ing kabatinan | bêcikira maringwang | nadyan silih sang aprabu | kang maringkên karyanira ||

14. sabên ingsun kinon jurit | anglurug kinanthèn sira | sira nora bedakake | ya sang nata iya ingwang | mangkono anggêpira | nadyan panèwu-panèwu | nora ana kaya sira ||

--- 27 ---

31. Pangeran Mangkubumi ngrampit Kraton Surakarta

15. hèh mantri ngarêp sirèki | Jayèngranu dhawuhêna | miwah sira Amat Salèh | Kakang Pugêr kon muliha | marang ing Sukawatya | gênti tunggu wisma ingsun | sida angrampit nagara ||

16. nanging ta pangrampit mami | wurung mêtu Banyuanyar | ingsun anabêt patine | Ngabèi Jayakartika | supayane dadia | iya têtangkêping pintu | tiwas mati pintu mênga ||

17. nanging ingsun lagi nganti | Sakèbêr lan Pringgalaya | muthak-muthêk ing Garompol | ing wartane mèh budhalan | amaju barisira | lamun uwis anèng Mungkung | ing kono pangrampit ingwang ||

18. anadene pra bupati | kang andhèrèk têdhak ingwang | ya amung lêlima bae | kang wus padha anèng kana | Kakang Pugêr sun tinggal | lan kabèh para tumênggung | padha kari tunggu wisma ||

19. lah uwis mangkata aglis | iya ora nganggo layang | pan mung layang kowe bae | mantri kalih nêmbah mêsat | saking ngarsa pangeran | ing marga datan winuwus | lampahe sadalu marga ||

20. ing barisan sampun prapti | Pugêr nuju kalêmpakan | caraka gya dhawuhake | timbalane Jêng Pangeran | Pugêr duk amiyarsa | muwus apa raganingsun | ing karsane jêng pangeran ||

21. diadu lan Adipati |

--- 28 ---

Pringgalaya saupama | tan nganggo Wlônda kanthine | Mayor Kèbêr Senapatya | ingsun môngsa wêdia | dèn karubuta wong wolu | mungsuh kaya Pringgalaya ||

22. maksih jaluk imbuh mami | sathithike papat êngkas | gumêr arame gujênge | para mantri pra bupatya | sigra ngundhangi bala | ngabêkti kang pra tumênggung | sami andum karaharjan ||

23. bêndhene ngungkung tinitir | budhalan sabalanira | pra bupati ngatêrake | wangsul saonjotan samya | Pugêr sadalu marga | enjingipun prapta sampun | wus panggih lawan pangeran ||

24. rinangkul dipun cêblèki | hèh wakane katiwasan | têka matèni Si Dhelo | mêsakake lawan eman | bênêre piniluta | Dipati Pugêr umatur | langkung dènira ngla-êla ||

25. sadasa jêr botên kêni | dalajate mega abang | panêmbahan mega belong | panêmbahan mega gêdhah | dadine nuntên pêjah | Brawijaya mega biru | akongkonan tan winawrat ||

26. sagunging para bupati | sadaya dèrèng kaduga | paridan plêca-plêcune | amung pangeran kaduga | dadya gumujêng latah | ngandika mring pra tumênggung | hèh sakèhe bocah ingwang ||

27. apa sira wus atampi | malêcune sang dipatya | matura priye têgêse | sira Suradimênggala | Tumênggung Wilatikta | Dipati Suranatèku | nak ingsun Gadamêstaka ||

28. iya Si Selanagari | Tumênggung

--- 29 ---

Kartanagara | miwah Rêksanagarane | Brajamusthi Brajadênta | Singarananagara | lawan Tegal Angun-angun | Jalêksana Surajigja ||

29. Yudaningrat Pudhakmiring | samyatur sêmbah sadaya | raos punika artine | sami nuwun tan kaduga | inggih nuwun jinarwan | kyai lurah plêca-plêcu | punika wontên punapa ||

30. pangeran ngandika aris | têgêse iki ki raka | nguring-uring sêntanane | iya ingkang dadi raja | kongkon Jayakartika | tan nganggo bobot puniku | mulane mati ing rana ||

31. payo padha dèn padoni | iya ingsun rewangana | iku pan bênêr lakune | wong kongkonan magut yuda | pasthi angambil manah | lan dadi wajibing ratu | budi atèr maring wadya ||

32. wong bênêr dèn uring-uring | mendahane yèn luputa | banjir bandhang panutuhe | gumêr sagung pra bupatya | Pugêr alon turira | bênêr ing pundi puniku | wus ratu anèng nagara ||

33. dadak ngêrenah wong cilik | Dhelo ingsun rowangana | angrêbut nagaraningong | iya pirabara benjang | iku sabda nora sah | pasahe Ngêndho mung satus | dikon nindhihi arahan ||

34. dèn adu lan pra bupati | mendah yèn nora nêlika | mungsuhe padha tos-atos | Dyan Tumênggung Jayadirja | gêdhe dhuwur agagah | sawahe sèwu nêmatus | Mas Rôngga Wirasantika ||

35. akanthèt otote bêcik | dhasare sugih [su...]

--- 30 ---

[...gih] santana | sawah rongèwu lungguhe | Tumênggung Suryanagara | kadi Sômba paradan | sawah sèwu limang atus | Tumênggung Ranadiningrat ||

36. kaya Panji Wanèngpati | lunga namur duk jêjaka | lêlungguh sèwu cacahe | Dyan Tumênggung Pusparana | kadya putra Wiratha | lêlungguhe sawah sèwu | bêbenggoling jênêng ingwang ||

37. têlung èwu sawah mami | dhangkale wong Sukawatya | lah sêka ngêndi bênêre | pênatus Jayakartika | wong prentah tanpa ngrasa | gumêr kang para tumênggung | awali ambal-ambalan ||

38. sang dipati angling malih | kukume puniku padha | wong tanpa dosa binêlok | dèn usung marang paprangan | dibrukake gêmrobyag | bêlokane nora ucul | banjur rinampog kewala ||

39. sabênêr-bênêring tandhing | iya Si Jayakartika | lawan NgaèbiNgabèi. Mat Salèh | miwah Singadirja sima | pan rongatusan ika | iku parentah satuhu | nora ngawur ngayawara ||

40. apa sun sarowang mami | dèn anggêp gênjik kewala | dupèh kuwuk desa kabèh | ya dadi abahan apa | dubilah nora talah | iya apa bedanipun | padha têrah Nabi Adam ||

41. sangsaya ambêlik-bêlik | gujênge kang pra bupatya | jêng pangran ngandika alon | lah kapriye sanak-sanak | padha kalah ta sira | sadaya sami umatur | saèstu asrah bongkokan ||

42. ya ta wontên playon ngungsi | patang puluh saking Sala | Mesa [Me...]

--- 31 ---

[...sa] Jêlamprang kancane | kang dadya pangajêngira | nami Singadirana | nêdya nusul kancanipun | kang nama Carangpradapa ||

43. nèng pakuwon wus kapanggih | maksih dadya kalangênan | Carangpradapa karyane | angawruhi wong niyaga | gandhèk ya kinawruhan | wantu parigêl umatur | Carangpradapa ris mojar ||

44. lingnya kakang dika inggih | lumampah nyêrat andika | dawêg kula aturake | Dipati Pugêr Manggala | dimèn konjuk Pangeran | Dipati Pugêr puniku | ngiras carik padamêlan ||

45. ing dalu samya lumaris | marang pondhok Kapugêran | prapta sampun manjing pondhok | dinangu Carangpradapa | katur saaturira | wus kinèn anggawa maju | Pugêr arêsêp tumingal ||

46. pinundhut tulisannèki | Pugêr kagyat duk tumingal | sampun angalêm tulise | dhapur Kasutamênggalan | Carik Natakusuman | sak Alah ing besuk-esuk | yêkti yèn suka pangeran ||

47. dene warnane apêkik | dhasar wong têka nagara | wêruh Samadipurane | suligi lawan brêmara | inggih pan kuwawuhan | datan kawarna ing dalu | enjing wus binêkta seba ||

48. jêng pangran sampun umijil | alênggah paseban jaba | Pugêr prapta nyebakake | abêbisik aturira | dadosa papenginan | dhasare pangeran dulu | langkung rêsêpe kalintang ||

49. nulya kinèn anênulis | sêrat maring ing Gêmantar | pinitungkas ijoane | Tumênggung Samadipura |

--- 32 ---

wau wus tinimbalan | prapta inganthukan maju | nèng wurine kang nênurat ||

50. langkung ngungune ningali | marang pawong mitranira | dupi wus dadya sêrate | katur mèsêm jêng pangeran | lajêng kinèn angêcap | wasis ing ukara alus | sampun nuduh kang dinuta ||

51. nulya damêl sêrat malih | ngilèn maring pra bupatya | sami nunggil parentahe | dina Sênèn angkatira | saking ing Majakawal | Kumpêni wus praptèng Mungkung | lagi angsal kalih dina ||

52. tan adangu nulya dadi | wus lajêng ngêcapi pisan | sigra lumampah dutane | kang mangidul ngilèn samya | sarêng sami sadina | kabèh pra bupati kumpul | ing pukul satêngah sanga ||

53. jêng pangeran ngandikaris | kabèh padha ngèstokêna | Si Singadirana kiye | lagi têka Surakarta | mêngko sun junjung lênggah | iya namaa tumênggung | Si Tumênggung Sindusastra ||

54. ing têgêse iku carik | nanging durung duwe kônca | lagi tri atus sawahe | Si Tambakpagêr Si Karas | ya pirabara benjang | tunggala lawan sirèku | Tumênggung Samadipura ||

55. pangeran wus angundhangi | wadya rongatus patbêlas | tumênggung tinilar kabèh | mung mantri bêkta sadaya | sakawan mantri ngarsa | nênêm para mantri pungkur | lêlurahe anyadasa ||

56. sakathahe pra bupati | rintên dalu wus samêkta | wau kang duta kalihe | sami prapta kalih pisan | ingkang marang Gêmantar | myang mring pabarisanipun | pra

--- 33 ---

bupati Sukawatya ||

57. samya sandika turnèki | bupati ing Sukawatya | sigra ngirabkên barise | têtêlukan kang jaranan | satus wolu cacahnya | saantuke kang anungkul | lèr marga sawetan marga ||

58. margi ngalèr Bayalali | margi ngetan Majasanga | mung Pêngging kang maksih mogok | lèr margi nungkul sadaya | sayêkti pêpatutan | kang amogok kang anungkul | pan sami pakantukira ||

59. ing Ngasêm dèn broki malih | gonira nata pacêkan | wontên nêmatus angsale | ingkang warni kêkapalan | wontên sèwu kang dharat | gantya malih kang cinatur | Jêng Pangeran Sukawatya ||

60. budhal datan ngêtawisi | ari Soma Lêgi enjang | wimbaning lèk ping salawe | têdhakipun jêng pangeran | saking dhusun Jakawal | rêrêp kasarèn sadalu | enjang angidul lampahnya ||

61. Pangeran Mangkunagari | budhal saking ing Gêmantar | kêbut sawadyabalane | kunêng malih kawarnaa | barisan Kalijêram | pan ingkang kalih tumênggung | kinon amilih panggonan ||

62. amrih pêncar ingkang baris | Dyan Tumênggung Jayadirja | anèng Kêmadhoh barise | Tumênggung Ranadiningrat | nèng kulon Pringgalayan | wus pêpêt ing margi agung | tan ana kênèng lumampah ||

63. antawis ing wolung ratri | patine Jayakartika | lawan pangeran praptane | gègèr malih Surakarta | wong pacalang tan têbah | sampun katur ing sang prabu | mungsuh

--- 34 ---

tan nêdya mundura ||

38. Durma

1. wanci pukul sadasa prapta pangeran | ing Lèpènjêram dèsi | Dyan Suryanagara | Rôngga Wirasantika | Pusparana angantuni | bupati tiga | sampun majêng kang baris ||

2. abusêkan nagari ing Surakarta | katur ing sri bupati | kang rayi badhenya | èstu ngrampit nagara | ing mangke pan sampun prapti | Ngasêm pinarak | kèndêl anata baris ||

3. abdi dalêm macalang amung Kaleca | ngilèn pan botên kêni | kapêpêtan mêngsah | datan kenging ingambah | wontên sèwu kang turanggi | nging pêpilihan | rayi dalêm ngawaki ||

4. sarwi gugup dènnya ngandika sang nata | wong nglurug apa iki | nora wruh ing mêngsah | lamun umanjing praja | hèh Sindurja bok manawi | mindha yayi mas | yêktine Si Suwandi ||

5. Adipati Sindurja matur akêkah | dhuh pukulun sang aji | môngsa ta pandunga | inggih abdi paduka | nadyan busanane sami | sruwal rasukan | nging sanès dhêsthar gusti ||

6. rayi dalêm dhêstharipun cêmukiran | jingga Radèn Suwandi | calana rasukan | tan wontên ingkang siwah | inggile kaot rong nyari | lan ari nata | anyênyamar ing warni ||

7. lampahipun ajalêr rayi paduka | lan cahya kaot wêning | kathah kêkilapan | yèn inggih sadlerengan | dangu-dangu kuningnèki | Suwandi pêthak | rayi paduka wilis ||

8. sri narendra ngandika baya yayi mas | mung mandhêg Ngasêm nuding |

--- 35 ---

Suwandi kewala | Sindurja matur nêmbah | Suwandi dhuwunge katri | rayi paduka | amung wangkingan kalih ||

9. datan arsa amangking curiga tiga | sang nata ngandikaris | iya kancanira | aja na kang sêmbrana | bewake dèn ngati-ati | prapta Kaleca | gawat Si Mangkubumi ||

10. Sindurêja nêmbah mijil pêparentah | mring sagung pra bupati | tuwin pra santana | ngumpulkên wadyanira | ingkang wahana turanggi | sawusnya kêmpal | gunggunging kang prajurit ||

11. gangsal atus turanggane pra santana | dhomas ingkang lumaris | mêmatah parentah | aminta-minta bala | kaparak têngên tinuding | ywa kongsi kesah | kidul bubuhannèki ||

12. kinanthenan wong Kalang sadayanira | lan wong gêdhong sapalih | tindhih kaliwonnya | ngalèr bupatinira | kidul prasamya jagèni | ing praptanira | Pangran Mangkunagari ||

13. nanging sabên sontên sami magêlaran | mangkana kang winarni | pra jajar kaparak | dalah sarowangira | kang macalang Kleca dèsi | prapta kaplajar | mring jro prajatur uning ||

14. yèn ing Gumpang maya wus kanggenan mêngsah | Pangeran Sukawati | saking Ngasêm budhal | wadyanipun pangarsa | Jayasudirgan dèn broki | kagila-gila | bêbahak bêboyongi ||

15. anèng Tuwak Tumênggung Ranadiningrat | ing Gumpang kang barisi | bupati satunggal | Tumênggung Pusparana | bakdasar sang nata mijil | kapraboning prang | kang putra datan kari ||

--- 36 ---

16. lir sêsulung turôngga ingkang macalang | sang nata angidêri | munggèng ing turôngga | baris yèn winatara | pitung èwu malah luwih | dharat turôngga | oprup amarentahi ||

17. para mantri bae kang amacalanga | aja nganggo wong cilik | dhompo aturira | oprup kaku tyasira | wus têdhak saking turanggi | jêng sri narendra | lênggah bangsal pangrawit ||

18. duk pinarak malêdug turôngga prapta | kadya kaburu jurit | praptèng pagêlaran | matur atur uninga | yèn Pangeran Sukawati | pan sampun prapta | wadyanira anggili ||

19. kadi lajêng tangkêpe ingkang gêgaman | horêg sagunging baris | dragundêr wus prapta | satus gugup sang nata | kotrag wadya sanagari | bingung puyêngan | rare pating jalêrit ||

20. Totlomondo angling marang mantrimuka | kadiparan dipati | wau kula warah | pacalang kang prayoga | sampun mêmatah wong cilik | mantri kewala | têka pacalang cilik ||

21. nora arus karya kagyating narendra- | di ana bêngi-bêngi | wong gêdhe apêrang | wus satêngah nêm mangkya | sang dipati sigra nuding | mring putunira | Tirtawijaya nami ||

22. Pakuningrat nganthèni Suraprameya | kaparak anganthèni | Ki Bênêr samana | lawan mantri têtiga | oprup ingkang andhawuhi | iya awasna | yèn nyata anêkani ||

23. dipun enggal nuli balia kewala | sigra anêmbah sami | mantri mring sang nata | mêsat asêsandêran | ing Garêmêt [Ga...]

--- 37 ---

[...rêmêt] sampun prapti | datan katingal | lajêng mangilèn sami ||

24. amung kuda pêpitu praptèng Kaleca | kilèn Kaleca kèksi | wadyabala aglar | samya cucul turôngga | pangeran kang dèn sanggrahi | nèng Bêlulukan | mantri pangajêng sami ||

25. kèndêl anèng kilèn Kaleca gènira | dalah sasikêpnèki | ana kuda prapta | nora dèn munasika | tinakenan amangsuli | sarwi pratela | lamun kang prapta mangkin ||

26. tuhu kangjêng gusti pangeran piyambak | wadya ingkang umiring | mung bupati gangsal | benjing enjing umangsah | yèn dika maido kyai | kêna kewala | dika priksa pribadi ||

27. sigra wangsul anandêr ponang caraka | ing alun-alun prapti | orêg kang gêgaman | praptane kang pacalang | wus prapta ngarsèng narpati | umatur nêmbah | pukulun sri bupati ||

28. mêngsah kèndêl pra sami cucul turôngga | badhe ing benjing enjing | gènipun umangsah | angantêp yudanira | tuhu kang angirid baris | botên utusan | rayi dalêm pribadi ||

29. duk miyarsa anglês tyasira narendra | hèh Sindurja dèn bêcik | sawêngi ywa obah | bewakmu aja towang | ngandika malih sang aji | lah oprup sira | mapaga yuda benjing ||

30. pra santana kabèh milua ing sira | hèh sagung kadang mami | Yayi Dinagara | Dhimas Adiwijaya | Buminata lawan malih | iya Yayi Mas | Rôngga mapaga jurit ||

--- 38 ---

31. kulup Angabèi Adhi Mas Panular | myang Danupaya Yayi | dèn padha prayitna | oprup matur sandika | ing wanci wus bakda mahrib | kondur sang nata | sapraptanirèng puri ||

32. oprup pamit mêdal siyaga magut prang | miwah santana sami | wus samya siyaga | kunêng gantya winarna | Jêng Pangeran Sukawati | nèng Bêlulukan | ingkang rêmbug wus dadi ||

33. yèn pinêthuk ing Grêmêt miwah Kaleca | badhe gêlaring jurit | tan mawi pangawat | yèn unggul ing ayuda | anaa pangawat malih | panjinging praja | kang kinèn andhadhani ||

34. sakancane Dyan Tumênggung Jayadirja | ingkang pangawat kering | Dyan Suryanagara | Rôngga Wirasantika | Pakuningratan dèn broki | lèr Pakauman | kang dhadha jôg ing baris ||

35. Kadipala anjog sakidul Kêmlayan | nocok sakidul masjid | dene jêng pangeran | dadya pangawat kanan | Kadipala ngidul malih | nuntên angetan | lèr Pagajahan ngrampit ||

36. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | têngara wong Kumpêni | tambure gumêrah | salomprèt mung satunggal | satus dragundêr Walandi | satus kang Islam | tindhih Kaptin Samsudin ||

37. pra santana nèng wurine Kumpêni Slam | sagêgamaning jurit | lamun ginunggunga | kalihe wus sadaya | bidhalipun ingkang baris | pan kinurmatan | maryêm ping sapta muni ||

38. gumarêdêg kèbêkan sagunging marga | bêndhe gong lawan suling | abarungan [aba...]

--- 39 ---

[...rungan] munya | kang anèng Balulukan | prajurit sampun rinakit | arêbat papan | Kaleca dèn ênciki ||

39. duk Tumênggung Suryanagara kalawan | Mas Rôngga kang angirid | myang Ranadiningrat | Tumênggung Pusparana | wus sami tilar turanggi | amaju rampak | ngirid mantri pinilih ||

40. praptèng wetan Kaleca bala Walônda | kèndêl amasang rakit | lèr Kumpêni Islam | kidul satêngah marga | sagung dragundêr Walandi | majêng sakêdhap | mungsuh kasêlak prapti ||

41. nyèrèd watang Mas Rôngga Wirasantika | miwah Suryanagari | anglêlandhak tumbak | giyak panêmpuhira | Kumpêni asru ngêdrèli | lir arga gugrag | swarane drèl Kumpêni ||

42. jêng pangeran nindhihi wurining bala | ingkang mantri pinilih | arja songsong jênar | dupi êdrèl ping tiga | mantri amalês ambêdhil | para bupatya | nusup kukusing bêdhil ||

43. alpèrèse tinumbak Suryanagara | niba saking turanggi | sareyan tinumbak | Rôngga Wirasantika | Surajigja anumbaki | pinistul kêna | baunira kang kering ||

44. Surajigja nora sangsaya sudaa | malah krodha mawêrdi | bikut pamukira | Wlônda papat kang pêjah | dhadhal barising Kumpêni | Kumpêni Islam | kathah ingkang ngêmasi ||

45. Totlomondo mubêng rumêksa ing bala | pra santana nulungi | nulya Jêng Pangeran | Sukawati mangarsa | atilar songsongira glis |

--- 40 ---

ngêtap turôngga | watangira pinusthi ||

46. amuk-amuk akukuk wong Sukawatya | giyak aloke sami | dhadhal pra santana | dadya mundur apisah | kalawan bala Kumpêni | Suwandi Rôngga | wus nitih kuda malih ||

47. miwah sagung para bupati kang dharat | sigra nitih turanggi | tut wuri santana | nyanjata saking wuntat | pistulira mobat-mabit | Pangeran Rôngga | binêdhil saking wuri ||

48. ricikira pistule Pangeran Rôngga | ingkang kêni ing mimis | jêmpole katratas | kipat pistule tiba | sinurakan wanti-wanti | Pangran Panular | bokonge kuda kêni ||

49. gobrah-gobrah sinurak akon nolèha | jêng pangran angajani | Suwandi sêsumbar | dhuh-dhuh para pangeran | dene sigit ingkang warni | asongsong jênar | jêbul jirih lir èstri ||

50. oprup atur uninga tiwasing aprang | ajidan kang rumiyin | nyandêr malbèng pura | ing alun-alun prapta | wêwarta yèn kasor jurit | gya manjing pura | umatur ing sang aji ||

51. lamun oprup kasor prang anèng Kaleca | mêngsah taksih angungsir | ajidan sawusnya | matur anulya mêdal | gugup kangjêng sri bupati | ngrasuk busana | kang putra dèn timbali ||

52. abusêkan katon kang obong-obongan | bêdhil sakinsangkin (dan di tempat lain). mrêpêki | tambuh solahira | wadya ing Surakarta | larane sèwu panastis | nora karuwan | jêjênthik milu sêdhih ||

53. akatula-tula [akatula-tu...]

--- 41 ---

[...la] lir coplok-coploka | tuwa nom gêdhe cilik | wadya Sukawatya | kang bujung sing Kaleca | Suryanagara kêkinthil | tansah sêsumbar | wong Surakarta sami ||

54. anoleha dene iku kèh pangeran | padha asigit-sigit | apa nora wirang | dene têka lumajar | eman warnamu apêkik | tinggal gêlanggang | dudu sutèng narpati ||

55. kacarita Pangeran Mangkunagara | saking kidul angrampit | wontên kuda dhomas | wus nabrang Kaliwingka | kaparak ingkang nadhahi | kang dadi dhadha | kalang pangawat kering ||

56. Dyan Tumênggung Jayawikrama kalawan | Sumadinala kanthi | saragni jro samya | pinangku ing wadana | Pangeran Mangkunagari | sigra narajang | kukuk sawadyanèki ||

57. tinadhahan dèning kang wadya kaparak | rame bêdhil-binêdhil | pêngkuh ingkang dhadha | pangawat tinarajang | kang kiwa pêdhot tumuli | pangawat kanan | anempuh marêpêki ||

58. dadya mungsuh kang moncèr asangêt taha | dangu dènira jurit | punggawaning mêngsah | nama Ki Mangkuyuda | kabranan baune keri | gya ginosongan | binêkta mundur aris ||

59. dadya dangu ajêng-ajêngan kewala | gantya lèr kang winarni | Dipati Sindurja | Pangeran Pakuningrat | sakancane para mantri | tampi timbalan | kinon bantu ing jurit ||

60. bidhal ngilèn kapêthuk kang mundur yuda | nèng marga sawetaning | ing Kartanagaran | Kawiradigdan lama | kèndêl kang bala Kumpêni |

--- 42 ---

sakêdhap tata | mungsuh anunjang wani ||

61. ngamuk punggung kalawan watang curiga | Kumpêni angêdrèli | rinukêt kewala | Kumpêni kagegeran | wus rusak tataning baris | sang mantrimuka | putune angêmasi ||

62. dhadhal malih lumajêng baris Walônda | ngetan anurut martimargi. | kumpul pra santana | Pangeran Pakuningrat | amangidul ngetan malih | sang adipatya | dhawah saking turanggi ||

63. rinarômpa inginggahakên turôngga | gêgancangan lumaris | wontên tur uninga | lamun kang wayah tiwas | Tirtawijaya ngêmasi | kagyat amaras | nênggak waspa anggêndring ||

64. praptèng kidul Kamlayan bantune prapta | sakawan pra bupati | Dyan Puspanagara | kalih Nitinagara | Wiraguna lawan malih | sapatihira | kangjêng pangran dipati ||

65. kang anama Tumênggung Tirtanagara | sami majêng sakêdhik | wetan Kadipala | wau pamêthukira | cinatur mêngsah kang prapti | kang dadya dhadha | anjog sakidul masjid ||

66. ingkang kiwa anjog lêlurung Galadhag | kang têngên anjognèki | salèr kandhang gajah | pojok jaro kadhatyan | Jayadirja kang nindhihi | baris ing dhadha | lan para mantri ngarsi ||

67. pangawate keri têtindhih Mas Rôngga | lawan Suryanagari | pangawate kanan | jêng pangeran piyambak | Ranadiningrat kang ngiring | Dyan Jayadirja | Pusparana dèn kanthi ||

68. para mantri pinilih kang sapanduman | tumut Jadirja jurit |

--- 43 ---

dene kang saduman | tut wuri Pusparana | wau ta ingkang nadhahi | Puspanagara | lajêng campuh ing jurit ||

69. mantri ngarsa salawe kang mangsah yuda | kinon nèng ngarsanèki | Tumênggung Jadirja | kumrutug pistulira | salawe nora ngagopi | nêsêg anunjang | wantêr akaduk wani ||

70. karya ebat sagung janma kang umiyat | tandange para mantri | kadya saradula | galak amôngsa sarpa | dhasar jinajayèng jurit | winong dening Hyang | dhadhal kang pra bupati ||

71. Dyan Tumênggung Puspanagara sutanya | pupon kacandhak mati | lawan Jadirana | jaksa ing kadipatyan | sarêng kapupu ing jurit | anèng Kêmlayan | wong Surakarta miris ||

72. maras uwas tatas rantas anglês ing tyas | sumbar wong Sukawati | hèh wong Surakarta | katon apa wak ingwang | sira mlayu sun parani | pan dudu macan | lan dudu sarpa mandi ||

73. palajênge sagunge para santana | kang sarêng lan Kumpêni | prapta loji samya | ana kang lajêng ngetan | tan nêdya ngumpul mring puri | para pangeran | tan ana kankunkantun. siji ||

74. Pangran Pakuningrat Dipati Sindurja | kèndêl sawadyanèki | ing sapinggirira | ngalun-alun kang wetan | kumpule ingkang prajurit | mung pitung dasa | dharat tan ana malih ||

75. Dyan Tumênggung Puspanagara kèndêlnya | nèng wismane pribadi | Dyan Nitinagara | lawan Tirtawiguna | lajêng lumêbêt ing puri | sakancanira | wau jêng sri bupati ||

76. arsa miyos tinunjang

--- 44 ---

wong ngili samya | manjing sajroning puri | tan wruh yèn kadhatyan | ing rèh bingung kalintang | wus lali kawula gusti | mung rêbut gêsang | pati-pati bêntusi ||

77. ana ingkang nangis kang lakine pêjah | para dyah kontrang-kantring | anèng palataran | Ngabèi Jadirana | ingkang sampun angêmasi | prang Kadipala | kang wadon angulati ||

78. pangrungune lakine anèng jro pura | bingung pating jalêrit | wêwah bong-obongan | kilèn kiduling pura | ngalad-alad gêgirisi | swaraning surak | barung grubuging agni ||

79. angumandhang sênggani swara ruara | gora kagiri-giri | gêtêr patêr kadya | bêlah ingkang bantala | langit sapta anungkêbi | prihatin dahat | kangjêng sri narapati ||

80. laju miyos lawan jêng pangran dipatya | kèndêl ing srimênganti | tambuh kapiyarsa | wontên mantri tur priksa | gusti mêngsah ngidak wani | pangarsanira | nocok sakidul masjid ||

81. abdi dalêm Sindurêja Pakuningrat | kang sami ambantoni | sampun kapêlajar | balanipun kèh pêjah | dene bêbantu ing wuri | Puspanagara | Nitinagara wingwrin ||

82. lawan Tirtanagara Tirtawiguna | sakancane angisis | tandange kang mêngsah | tuhu kagila-gila | tan kenging dipun tanggêni | nunjang angidak | golong gêlêng gumuling ||

83. Saradipa saking loji praptanira | dinangu ing sang aji | paran Saradipa | prang para santana |Kurang satu suku kata: pêrang para santana. Walônda lan pra bupati | Ki Saradipa | tur sêmbah [sê...]

--- 45 ---

[...mbah] nuwun gusti ||

84. abdi dalêm sampun sirna kapêlajar | samya arêbat urip | sawontêne mangkya | mèpèt ing panangkilan | mêngsah wontên kidul masjid | jêjêl ing marga | tarab tumbak kinêmpit ||

85. abdi dalêm Kumpêni muwêr kewala | jro loji tan mêdali | sônggarunggi ing tyas | inggih dhatêng paduka | ngandika jêng sri bupati | lamun mangkana | sagunge garwa mami ||

86. lawan gêdhe cilik sakèh putraningwang | gawanên maring loji | minôngka pratôndha | yèn ingsun wus pitaya | abipraya lan Kumpêni | nuli mangkata | sun arsa mapag jurit ||

87. lah dhawuhna mring oprup karsa manira | nêmbah Saradipa mit | malêbèng jro pura | ngirid pra garwa putra | sêpuh anèm para putri | kêrig sadaya | binêkta maring loji ||

88. bêdhah jaro prênah ingkang kidul wetan | sapraptanirèng loji | oprup duk tumingal | polahe garwa putra | miwah sagung putra putri | kang timur samya | ginendhong myang dèn indhit ||

89. langkung ngêrês Tlotomondo ing tyasira | sigra kinèn anarik | wau mriyêmira | kang marêk mring kadhatyan | oprup sampun dèn dhawuhi | lamun sang nata | arsa umagut jurit ||

90. wus pinêpak sawontêne abdinira | sampun tan wontên malih | mung mantri kaparak | wira-wiri macalang | gêdhong tumut dhatêng loji | ngiring pra garwa | putra putri lit-alit ||

91. oprup nuduh marang Salotêr Kapitan | mung bêkta [bê...]

--- 46 ---

[...kta] sa-Kumpêni | dhèrèk jêng sri nata | Salotêr sigra mangkat | wong ing kadipatèn prapti | malêbèng pura | pitung dasa watawis ||

92. kang umiring sang nata mung para magang | wong kawan dasa kalih | pinaringan tumbak | lan abdi suranata | wontên sadasa tan luwih | myang nyai lurah | papat kaparak jawi ||

93. sri narendra wus mangking Kyai Bêlabar | waos agêm sinandhing | pan Kyai Kêbomas | dene pangran dipatya | Ki Mesanular winangking | Kyai Baruwang | cinothe munggèng keri ||

94. waos Kyai Panatas sampun cinandhak | têdhak sri narapati | bêndhe Kyai Becak | ginêntosan wong lanang | Agul-agul Gêrdapati | ingkang rumêksa | ngampil tabuhirèki ||

95. lagya prapta salêbêting brajanala | ana wadyatur uning | kalamun Pangeran | Mangkunagara prapta | saking kidul dènnya ngrampit | akêkapalan | wadya sèwu watawis ||

96. kang nadhahi pra abdi dalêm kaparak | pun Kartinala tindhih | lawan Jawikrama | nanging karoban mêngsah | dene gènipun ajurit | lèr Kaliwingka | Kadhawung ngilènnèki ||

97. myarsa bêdhil wor surak tangis gumêrah | kuwur tyasnya sang aji | wong wayang-wuyungan | kadya gabah ngintêran | pawèstri myang rare alit | abilulungan | nunjang ngarsa sang aji ||

98. wantu dèrèng wontên sitinggil samana | mulat sri narapati | mangalèr katingal | blêduge wong lumajar | kasusu tiba kuwalik | tangi

--- 47 ---

katunjang | tangi malih anggêndring ||

99. sampun kobar pondhok kilèn pagêlaran | mungsuh katur umanjing | ngalun-alun samya | sigra têdhak sang nata | ngandika mring para abdi | lah payo bocah | sêdhênge mangsah jurit ||

100. abdi dalêm magang sami ting jalemprak | munggèng ngarsa sang aji | ana cikrak-cikrak | ana kang têtayungan | Mangkudiwirya Ngabèi | lêlurahira | Citradiwirya ari ||

101. duk inggahe Tumênggung Citradiwirya | tinanêm anèng Pathi | arine gumantya | kalurahane magang | tigang atus ingkang sabin | Mangkudiwirya | bagus anom winarni ||

102. akêkèjèk munggèng ngarsane sang nata | nêpsune awor tangis | mubêng kiprah-kiprah | dalah sakancanira | ana gêdrug-gêdrug siti | ana kang onclang | kèh warnane prajurit ||

103. sampun rawuh sang nata ing panangkilan | mulat ngilèn kaèksi | wong kulambi abang | têtiga kang satunggal | udhêng kuning klambi kuning | cêmêng waosnya | sinèrèt wangkit godhi ||

104. kang kêkalih tiyang badhugal kewala | nyangkêlit upêt sami | juru ngobong wisma | sang nata angandika | kang katon iki wong ngêndi | wadya turira | têtiyatêtiyang. Sukawati ||

105. sri narendra dhawuh nabuh Kyai Becak | Agul-agul kang gitik | kumapruk kewala | ping kalih kaping tiga | kaping pat maksih tan muni | katur sang nata | yèn Ki Becak tan muni ||

106. sri bupati dahat [daha...]

--- 48 ---

[...t] maras sajroning tyas | agèdhèg ngandikaris | abot Si Sujana | tuhu prajuritingrat | gêtêm-gêtêm sri bupati | wau kang putra | jêng pangran adipati ||

107. matur mring kang rama sarwi rawat waspa | kawula nuwun pamit | magut ing ayuda | inggih arsa mêthuka | prange Paman Mangkubumi | singa tiwasa | kang rama ngandikaris ||

108. kulup aja anadhahi pamanira | abot Si Mangkubumi | lawan durung môngsa | kang putra kêdah mêksa | kang rama sangêt gendholi | kadya raup rah | pasuryane jêng gusti ||

109. lir garudha pinandêng munggèng wantehan | saking ngampêt ing runtik | sang nata umiyat | baris mêndhak atarab | prênah lèr wetan watawis | mung pitung dasa | bandera kalih supit ||

110. sri narendra dangu baris ika sapa | lun-alun wetan iki | kang dinangu nêmbah | inggih abdi paduka | Sindurêja Adipati | lawan ri Tuwan | Pakuningrat kang baris ||

111. tiyang gandhèk sigra kinon dhawuhêna | ajênge ponang baris | gandhèk nulya mêsat | andhawuhkên timbalan | baris majêng winitawis | mung gangsal tindak | tan purun majêng malih ||

112. dhinawuhan majêng malih rambah-rambah | mopo datan lumaris | mung kèndêl kewala | giris miris umiyat | solahe wong Sukawati | anglandhak tumbak | wantêr prawirèng jurit ||

113. wali-wali timbalan dalêm sang nata | nanging tan mobah mosik | mêngsah rame surak |

--- 49 ---

kang anèng lor Kauman | dèn mariyêm saking loji | nanging tan kêna | surak awanti-wanti ||

114. baris dhadha mèpèt jaroning kadhatyan | kukuk surak gêtêri | samya giyak-giyak | Rôngga Wirasantika | kalawan Suryanagari | tênaganira | anglêlanangi bumi ||

115. yèn cinôndra lir wong agung Parangteja | eca dènnya sêsirig | anèng têngah marga | sarwi angikal watang | sinambi nindhihi baris | tanpa rêringa | karyebat kang ningali ||

116. Dyan Tumênggung Jayadirja munggèng dhadha | ngadhangkrang dèn payungi | nèng marga prapatan | kidul wetan Kêmlayan | kanthine nindhihi baris | Dyan Pusparana | ugi dipun payungi ||

117. wontên sèkêt pangayape Jayadirja | Pusparana kang ngiring | cacah tigang dasa | kang anama pangayap | surak giyak wanti-wanti | pangawat kiwa | kang lèr kukuk ngajrihi ||

118. sri narendra kèmêngan maras jroning tyas | swaragung sru marnani | mariyêm Walônda | tan bisa nyirêp surak | malah sora gêgirisi | swaraning surak | awor swaraning tangis ||

119. Pangran Sukawati angangsêg kadhatyan | têdhak saking turanggi | saya mawurahan | puyêngan wong sapraja | wadya kang baris ing Gadhing | giris tumingal | matur malêbèng puri ||

120. dene mêngsah solahe kagila-gila | mudhun saking turanggi | samya nyèrèd tumbak | cinêkêl godhinira | tinon dahat gêgilani | pating [pa...]

--- 50 ---

[...ting] jalegrang | lir buta môngsa daging ||

121. wus pinarak kilèn pojok jaro gènnya | Pangeran Sukawati | magêrsari ngayap | kiwa têngên ampilan | turôngga kinarung ngarsi | ragi keringnya | wadyanira kang sami ||

122. anjêjêgi jaro ana ngoyag-oyag | kalih dasa watawis | pra mantri kaparak | tindhih kaliwonira | lan mantri karaton sami | nadhahi ing prang | nèng lêbêt jaro panggih ||

123. sami sumbar-sumbaran payo mêtua | payo malbua aglis | payo kêthèk desa | gênjik lutung manjinga | ing kene ingsun tadhahi | kumaruk padha | anyingkur tunggak sêmi ||

39. Pangkur

1. wau ingkang para dêmang | Sukawati kang winor wong pinilih | dêmang ing Soka Jêngkilung | Dêmang Gonggang Dhalungan | dêmang ing Sribau lan Dêmang ing Mungkung | lawan dêmang ing Padonan | miwah Dêmang Gondhangrawi ||

2. Dêmang Kumêndhêng kalawan | Jatitêngah lan Dêmang Rajêgwêsi | dêmang ing Tambak Tanewung | lan Dêmang Ngimalodra | Dêmang Pujanggêni lan Guntur Barubuh | sami matur mring gustinya | gusti ambamit ngêmasi ||

3. asêsêg talingan amba | dèn wus-uwus kêthèk ing Sukawati | gênjik desa lutung gunung | dènnya umatur samya | majêng ngilèn angungkurkên mêngsahipun | alon dènira ngandika | Jêng Pangeran Sukawati ||

4. hèh ta mêngko-mêngko bocah | aja gugup satêngahing ajurit | apa ta babak kupingmu | wus jamaking [ja...]

--- 51 ---

[...making] ayuda | sawêtune kang dêladag ing tyasipun | angolok-olok sêsumbar | aja ta sira ladèni ||

5. dèn ayêm sajroning aprang | kawruhana pati wus marêpêki | dèn eling madhêp Hyang Agung | kang sumbar ika Gêrba | ingsun ora pangling ing suwaranipun | bocah gêcul cilik mula | lonyote ginawa mati ||

6. nulya wontên duta prapta | saking Jayadirja mantri kêkalih | Dêmang ing Wulukumêndhung | Dêmang Ngendrasumêngka | nêmbah matur abdi dalêm pun Tumênggung | Jayadirja tur uninga | lamun raka padukaji ||

7. miyos ngawaki ayuda | sampun munggèng ing pagêlaran gusti | botên kathah abdinipun | kalawan putra tuwan | kirang langkung ing watawis kalih atus | kang abdi nuwun parentah | jêng pangeran ngandikaris ||

8. warahên Si Jayadirja | dèn akukuh yèn kakang prabu gitik | yèn mênêng-mênênga iku | aja na kang mangrêmpak | lan Si Suryanagara warahên gupuh | carakatur sêmbah mêsat | wus têbih nitih turanggi ||

9. anandêr mring Sêcayudan | praptanira katur sadaya sami | kang timbalan gustinipun | sawusnya lajêng sigra | marang gène kang pangawat kiwanipun | anandêr tan dangu prapta | barise Suryanagari ||

10. andhawuhakên parentah | lamun kangjêng sri narendra miyosi | arsa mapaga ing pamuk | wus anèng pagêlaran | kinèn sami kèndêla aja na magut | yèn pinukul [pinu...]

--- 52 ---

[...kul] dèn apanggah | Mas Rôngga lawan Suwandi ||

11. sigra mêdhun saking kuda | sinongsongan munggèng ngajênge baris | kang caraka sampun mundur | cinatur sri narendra | abdi dalêm kaparak ingkang tinuduh | macalang alon turira | dhuh gusti sri narapati ||

12. ing mangke rayi paduka | rawuh ngrampit Pangeran Mangkubumi | pojok jaro kilèn kidul | sang nata angandika | dudu Yayi Êmas Si Suwandi iku | pun Garba mantri kaparak | lêlurahing saragêni ||

13. nêmbah Warêngkêng turira | môngsa dadak pandunga amba gusti | dhatêng ing rayi pukulun | wus lênggah sinongsongan | kinêbutan saking kanan keringipun | ampilanipudampilanipun. bêlabar | titihanipun turanggi ||

14. kinarung ing ngarsanira | dipun ayap dhatêng wong magêrsari | èmêng ngandika sang prabu | bêndhe apa wus munya | matur dèrèng sampun adangu kinutug | budhal saking panangkilan | kapêthuk pra mantri prapti ||

15. matur gusti rayi tuwan | Jêng Pangeran Mangkubumi angrampit | jaro jinêjêgan purun | pra abdi dalêm têlas | kêdhik ingkang anadhahi yudanipun | amung pun Surakartika | kalawan Nitinagari ||

16. lajêng angilèn sang nata | gêgêt waja biru netyaniraji | jroning tyas dahat margiyuh | lurah èstri sadaya | samya sambat anangisi sang aprabu | dhuh gusti sami emuta | paran dadose puniki ||

17. dhuh gusti sami emuta | yèn kêkadang sampun [sa...]

--- 53 ---

[...mpun] makatên gusti | adhuh gusti adhuh-adhuh | wimbuh ribêng narendra | Wôngsaniti donga wurine sang prabu | amuji lamtara bi-as | rowange sami nimbangi ||

18. prapta kilèn Suranatan | ragi kidul wêwurungan sitinggil | katon kang lagya don pupuh | dêdêr-dinêdêr samya | Dêmang Surakartika sarowangipun | karbin patbêlas waosnya | nêmbêlas cêmêng kaèksi ||

19. Tumênggung Nitinagara | sakarine panèkêt para mantri | panêlawe panêlung jung | wau Ki Singasuta | panêlung jung wong Singanagara mêtu | angamuk wus katadhahan | para Dêmang Sukawati ||

20. kinarocok mungsuh kathah | wadya Singanagara wus ngêmasi | kinrubut kunarpa ajur | wonge Surakartika | mapan jaga nèng jêro kang bêdhah wau | pinilih arsa manjinga | jaro bêdhah wus dèn goni ||

21. bature Surakartika | numbak mantri pinilih kang yun manjing | gya mundur bêdhahan gupuh | tinutup pan wus wêtah | Dêmang Surakartika ngandikan gupuh | Sêlotêr banderanira | sumusup songsongiraji ||

22. sang nata asru ngandika | hèh ta gêrot sakarine Kumpêni | kang tan lumajar mung kantun | rolas undangên kêbat | Twan Kapitan Sêlotêr nambungi wuwus | iya iridên sadaya | rumêksaa jaro iki ||

23. Mas Dêmang Surakartika | nêmbah mentar datan adangu prapti | sareyan Sèlêr wus tumut | Kumpêni kalih wêlas | lampahira [lampah...]

--- 54 ---

[...ira] ririh mêndhak mundhuk-mundhuk | praptèng pinggir jaro mêndhak | atrap bêdhil ngincêng jawi ||

24. mantri pinilih myang dêmang | katon samya linggih ngarsaning gusti | tarap waose pinangku | tan langkung kalih dasa | gya binêdhil saking jro jaro kadhatun | kalih wêlas sarêng munya | nging tan ana kang ngênèni ||

25. wusnya muni kang sanjata | wong Kumpêni samya lumayu gêndring | kinon wangsul datan purun | obat mimis binuwang | sarwi ngucap iya dudu tandhing ingsun | apranga lan sutèng raja | yaiku kang payung kuning ||

26. dadya tan kenging ngabêna | pan sagunge wadyabala Kumpêni | kawus dèn bêburu esuk | duk aprang nèng Kaleca | dadya sami Jawa kewala kang tangguh | arame tantang-tinantang | ana kang bêdhil-binêdhil ||

27. dangu-dangu jaro lêsah | songsongira pangeran nulya kèksi | dening kangjêng sang aprabu | songsonge sri narendra | katon saking pangeran panggenanipun | ngunandika sri narendra | abot sinôngga ing jurit ||

28. apa ta ngêntasi karya | ariningsun Adhi Mas Mangkubumi | durung ilang pupukipun | dene wus duwe tôndha | kadange kang tuwa-tuwa padha cubluk | paran ta dadine benjang | lêlakone Mangkubumi ||

29. solah bawaning ayuda | wong Kamangkubumèn sayakti kèksi | dening kangjêng sang aprabu | kacarita dènnya prang | awit enjing tabuh wolu ngrampitipun | ing mangke wus tabuh rolas | Ki Becak tinabuh [tina...]

--- 55 ---

[...buh] muni ||

30. angungkung ngayuh awiyat | kumandhange kadi ngorêgna bumi | alon ngandika sang prabu | payo bocah suraka | jêng pangeran myarsa Ki Becak munyasru | swara ngungkung nèng awiyat | wadya Sukawati tintrim ||

31. dhasare wus dangu aprang | sayah miwah sru kalimput ing agni | pangran gya ngundhangi mundur | mring sagung wadyanira | kang nèng dhadha myang pangawat kiwanipun | sadaya wus dhinawuhan | kinèn samya mundur aris ||

32. jêng pangeran mundhut kuda | mèsêm sarwi angandika mring abdi | payo bocah padha mundur | anêmêni ki lurah | lajêng nitih wau ing turangganipun | sêsirig pun Banyakmodang | ginarêbêg magêrsari ||

33. sarêng dhadhal lan pangawat | kilèn Kadipala mangalèrnèki | tata rèrèh lampahipun | bandera warna-warna | kadya ngiring kang maspadakakên laku | pra abdi dalêm kaparak | panèwu kalawan mantri ||

34. kang dadya juru macalang | lèr Garêmêt wangsuling para mantri | pangeran sarawuhipun | Kadarèn masanggrahan | Pangran Mangkunagara saunduripun | saking prang nusul kang rama | ing Kadarèn dènnya panggih ||

35. pangran lan para bupatya | sami matur satingkahing ajurit | kang putra ragi sinêndhu | dene kabêrêg yuda | kurang rikat katêlompèn gêlaripun | lajêng sami pirêmbagan | amrih pakantuking jurit ||

36. ingkang putra nuwun lilah | amatrapi dhatêng kang rayi-rayi | ingkang kantun karyanipun | miwah dhatêng kang uwa | Pangran Suryadikusuma malihipun |

--- 56 ---

ingkang Paman Buminata | tiga Pangran Singasari ||

37. kang rama lon dhawuhira | patrapana nanging aja nêmêni | kapokna bae karuhun | sira balia ngetan | ingsun kulup mulih mring Jakawal dhusun | yèn wus aso banjur ingwang | marang tanah ing pasisir ||

38. sawusnya dadi kang rêmbag | kang pinatah amrih kobèting jurit | nèng Têgarèn kalih dalu | enjang sarêng bubaran | ingkang rama ngalèr kang putra mangidul | Pangeran Mangkunagara | ing dhusun Tulas wus prapti ||

39. masanggrahan tigang dina | ingkang rayi kêkalih sami prapti | miwah kang uwa wus rawuh | Surya Adikusuma | pan ingantêp kiyai timbalanipun | sapa pangidhêpanira | aja ngrêribêdi bumi ||

40. kiyai ngrampit nagara | sun timbali sira tan ana prapliprapti. | lamun têtêp dadi mungsuh | ingsun kinèn gêcêka | pra pangeran têtiga ngaturkên dhuwung | sakalangkung tobatira | datan purun malih-malih ||

41. dhuwung linajêngkên sigra | ingaturkên mring Pangran Sukawati | katiga samya tinundhung | wau para pangèn |Kurang satu suku kata: wau para pangeran. samya pamit wangsul maring Gunungkidul | pangeran apêparentah | marang wadya sawatawis ||

42. kinon karya pasanggrahan | anèng dhusun Sunggingan kang prayogi | pangran sigra budhal laju | ngetan dhatêng Gêmantar | kunêng gantya winuwus kang baris Mungkung | Sakèbêr lan Pringgalaya | myarsa nagari dèn rampit ||

43. dalu-dalu bêbodholan | samya mantuk dhatêng ing praja malih | pinêthukakên ing mungsuh |

--- 57 ---

ratri nèng Wanasraya | dadya nabrang ngilèn ingkang baris agung | anjog kèndêl Kapanasan | dènira apacak baris ||

44. wau ta Kangjêng Pangeran | Sukawati ing Jakawal wus prapti | wêwêlutan lampahipun | têntrêm ing Sukawatya | jajahane mêlar sangsaya angidul | ing Jatisari kaidak | nungkul marang Sukawati ||

45. Sakèbêr lan Pringgalaya | langkung sami kucêm dhatêng sang aji | lami dènira kêkuwu | anèng ing Kapanasan | ya ta bayar Sakèbêr maring wong dhusun | kinon nuduhkên gènira | Pangeran Mangkunagari ||

46. kang pasthi ênggène lama | kacarita Pangran Mangkunagari | antara ing kawan dalu | anglêlarag mangun prang | ngidak dhusun kidul praja prapta esuk | kadhang prapta wanci asar | ngobongi kidul nagari ||

47. makuwon ing Paserenan | amakuwon Baki myang Jatisari | wadya Surakarta bingung | mangkana Kapanasan | Mayor Kèbêr lan mantrimuka wus rêmbug | arsa tinukup pangeran | mamrih sirnèng dhandhanggêndhis ||

32. Pangeran Mangkubumi anjarah-rayah ing Juwana, lajêng wangsul dhatêng Jakawal

40. Dhandhanggula

1. Mayor Kèbêr milih pra bupati | ingkang badhe ginawa anglarag | anukup ing panggonane | pangran [pa...]

--- 58 ---

[...ngran] dènnya kêkuwu | Wiradigda ingkang pinilih | Tumênggung Cakrajaya | lawan malihipun | Tumênggung Kartanagara | Kartadipa myang Tumênggung Rajaniti | miwah Yudanagara ||

2. pitung puluh dragundêr dèn irid | kalih atus Bugis Balinira | prajurit Jawa kathahe | wontên turôngga sèwu | ari Ngahad Wage ing sasi | Ruwah ing gangsal wêlas | mangkat dalu-dalu | anjujug ing Paserenan | nanging pangran sawadyane sampun sêpi | lajêng dhatêng Gêmantar ||

3. pan saratri dènira lumaris | wanci wijiling baskara prapta | surak gumuruh sarêng drèl | pangeran langkung gugup | abusêkan pating jalêrit | kang têbih asamêkta | Sakèbêr têtulung | rame riwut lêng-ulêngan | kantun kêdhik pangeran wadyanirèki | wit kathah kang kesahan ||

4. nuju gêrah pangeran kang swami | pangran samêkta sacandhakira | garwa kinèn nyingkirake | ginendhong gamêlipun | kudanira dipun kambili | gugup asalang tunjang | kuda nama daru | kêkapa sarwa kancana | sigra nitih turôngga pangeran kanthi | abdi jalu lêlima ||

5. kumpul samya nanggulang ing jurit | liya punika kawur sar-saran | ura anèng wana bae | Sakèbêr prapta nubruk | asru dènnya ambendrong bêdhil | pangran anjog jêjurang | Kumpêni amuwung | pangeran turangganira | pun andaru karubuhan saking nginggil | tiba katiban kuda ||

6. pangran dadya dhawah kajumpalik | Mayor Kèbêr mistul mung

--- 59 ---

sapisan | jêngêr anon ing solahe | anarik cara wangsul | imbanira kasrèpètkasrèmpèt. kêris | mijil rah tibèng jaja | nolih arsa kiwul | mèh ingancaran curiga | Mayor Kèbêr rowange agung bondhèti | dèn pinrih lumajara ||

7. pangran mire jurang ngiring-iring | barangkangan langgênan gandhewa | kudane tinilar bae | praptane nginggil pangguh | lan mantrine lêbêt satunggil | aran Jayaprameya | turanggane katur | Jayaprameya anulya | kudanira kancane kang dèn tumpaki | lajêng samya angetan ||

8. amung êlêt ing wana sakêlir | wus kapêthuk lan Kudanawarsa | tigang dasa kapalane | lajêng ngalèr katêmu | ingkang garwa myang para sêlir | pangran asrêp ing driya | dunya tan kaetung | Sakèbêr marêm jarahan | pan akathah mungsuhe tan dèn rawati | turôngga kang sarwa mas ||

9. lan dandanan kapraboning jurit | kathah kêni Sakèbêr sadaya | miwah ta pakinangane | sarwa kancana sêpuh | anggalênggêm Sakèbêr nuli | ngatag para bupatya | budhalan angidul | ngilèn anjog Pasunggingan | pakuwone pangeran kang dèn parani | tinêngga ing punggawa ||

10. pangagênge tumênggung kêkalih | Mangunjaya lan Suradigdaya | myang Rôngga Pramusitane | Dhandhang Môndhalika wus | myarsa warti sigra angrakit | samêkta ing ayuda | kuda pitung atus | wau Sakèbêr lampahnya | tan kawuwus ing marga sawusnya prapti | sawetan [sa...]

--- 60 ---

[...wetan] Pasunggingan ||

11. sigra bêndhe tumênggung kêkalih | datan anyana yèn mungsuhira | ewon Jawa pangajênge | sagêbragan amêthuk | rame dènnya bêdhil-binêdhil | anulya ingoncatan | lumayu angidul | binujung sampungsampun. angilang | pasanggrahan Sunggingan têlas binasmi | Sakèbêr lampahira ||

12. lajêng ngalèr ngrêrayah samargi | urut Pedan Kalêpu myang Wôngga | Drêsanan Dlanggung praptane | dhusun Panasan dalu | gantya wau ingkang winarni | têlike Sang Dipatya | Pugêr kang tut pungkur | Sakèbêr salampahira | laju mantuk mring Jakawal sampun prapti | tur uning sang dipatya ||

13. nulya katur Pangran Sukawati | yèn Sakèbêr anukup Gêmantar | pangran ngundhangi balane | kang badhe kinèn bantu | ingkang kalih môngka pangirid | Rôngga Wirasantika | kalawan Tumênggung | Suwandi Suryanagara | kang ngabên prang Bupati Balora kanthi | Warung Sela Panolan ||

14. kuda dhomas wus budhalan aglis | gantya Pangran Amangkunagara | kang mlampah ngatêr swamine | nèng Matesih sadalu | radèn ayu gêrah panastis | mila lampah lon-lonan | nèng Ngablak kapêthuk | bêbantu saking Jakawal | jêng pangeran sigra dènira dhawuhi | marang kapat punggawa ||

15. gangsal atus wadya kang turanggi | kinon ngatêrakên garwanira | mring Jakawal ngundurake | kuda kang tigang atus | Rôngga lawan Radèn Suwandi | binêkta mring pangeran | awangsul mangidul |

--- 61 ---

lajêng ngilèn lampahira | pangran sampun mangsit bupati kêkalih | arsa mring Jatisêkar ||

16. awit wong ing desa Jatisari | kang anuntun Sakèbêr lampahnya | mring Gêmantar panukupe | wau sapraptanipun | sakathahe wong Jatisari | kang lanang cinêkêlan | catur kang linampus | pinanjêran sirahira | anèng tunggon wong wadone dèn boyongi | amale jinarahan ||

17. sagung wisma samya dèn basmèni | gêmpur tumpur dhusun Jatisêkar | wusnya pangeran karsane | wong sajarahanipun | pinartiga pandumirèki | rong duman katur marang | kang rama puniku | Pangeran Mangkunagara | mung saduman amêndhêt satus pribadi | kalih atus kang rama ||

18. Pangran Mangkunagara lingnyaris | Paman Rôngga Man Suryanagara | iki wong gêdhe dosane | lamun kiyai dangu | panukupe Sakèbêr wêngi | iku kang awèh marga | mangkana wus mundur | pangeran marang Gêmantar | kang punggawa kêkalih mring Sukawati | ngiringkên bêboyongan ||

19. Jatisari pan wus dèn tanêmi | dening Rôngga aran Sêcadirja | lan kinèn anêlukake | dhusun ing Palur Jurug | saurute acungan sami | mangkana wus karupak | ing jajahanipun | nagari ing Surakarta | Totlomondo lan sang nata asung tulis | mring Gupêrnur Samarang ||

20. duk praptane nawalaning aji | tuwan gupêrnur prihatin dahat | nagri pasisir orêge | dening warta misuwur |

--- 62 ---

yèn pangeran ing Sukawati | badhe arsa cangkrama | saprajuritipun | kasukan êrah myang sirah | mila obah sagung bupati pasisir | tur uning mring Samarang ||

21. twan gupêrnur sigra marentahi | mring bupati pasisir sadaya | yèn arsa ngawaki dhewe | angadu usaripun | nanging jro tyas dahat prihatin | ruwêt rêntênging karsa | ketang purwanipun | dadya gupêrnur utusan | mring Batawi ngatas karsaning radpêni | gupêrnur amung nyarah ||

22. gantya cinatur nagri Matawis | Jawinata mirong maksih sasap | ingkang dadya ing purwane | dene myarsa pitutur | ing wartane bumi Matawis | Sinuwun Pringgalaya | ingkang tigang èwu | pinaringkên sutanira | ingkang nama Mas Komploh arsa kinardi | bupati ing Mataram ||

23. sakantune pan maksih lêstari | maring Tumênggung Jayawinata | pan amung sèwu cacahe | makatên badhenipun | karsanira sang nindyamantri | parentah dèrèng babar | wartane wus umyung | dadya Jawinata kagyat | gya samakta gêgaman kaprabon jurit | susahing tyas barusah ||

24. Jawinata panyiptaning galih | samangsane dhawuh kang parentah | sami sadina balike | ambêbêg wong Matarum | ya ta malih ingkang winarni | Pangeran Sukawatya | ngundhangi wadyagung | nutugakên karsanira | acangkrama dhateng nagari pasisir | bupati kang tinilar ||

25. têngga pakuwon ing Sukawati |

--- 63 ---

têtindhihe Pugêr Adipatya | Ranadiningrat kanthine | lan Jadirja Tumênggung | Pusparana ing Jagaragi | Tumênggung Brajadênta | lan Tumênggung Waru | dene kang dhèrèk pangeran | Sindusastra Samadipura akanthi | bupati ing Balora ||

26. Natasingron miwah Brajamusthi | Suryanagara lawan Mas Rôngga | ingkang dadya pangiride | ingkang môngka panganjur | lampahira sagunging baris | Dipati Suranata | Pangeran Tumênggung | Gadamastaka samana | wus anêmbang têngara budhal kang baris | saking dhusun Jakawal ||

27. wonten kalih èwu kang turanggi | kawan dasa cacahing bandera | kalih gôngsa carabalèn | katiga monggangipun | kêndhang gonge sarunèn siji | tamburipun sadasa | bèri bêndhenipun | inggih prasamya nyadasa | tan winuwus ing marga Dêmak wus prapti | Kudus Pathi kajangkah ||

28. gantya cinatur Sang Adipati | Pringgalaya lan Pèbêr miyarsa | lamun pangeran samangke | èstu andon anglurug | maring nagri tanah pasisir | baris ing Kapanasan | sigra dènnya kêbut | mayor lawan sang dipatya | sawadyane budhalan lajêng nututi | alampah gêgancangan ||

29. dragundêre kinon andhingini | malih cinatur nagri Samarang | wusnya atas pamyarsane | wau tuwan gupêrnur | yèn pangeran ing Sukawati | mring pasisir andon prang | anulya anuduh | bupati nagri Samarang | kinon mapag yuda akanthi Bupati |

--- 64 ---

Kaliwungu myang Kêndhal ||

30. kawarnaa Pangran Sukawati | wus ambêdhah Kudus Pathi praja | mung Japara mapagake | mêdal sing prajanipun | Citrasoma Rêksaprajèki | katur marang pangeran | yèn Jêpara mêthuk | gènnya pacak barisira | pêcak sawêt têbihe saking nagari | Mas Rôngga gya dinuta ||

31. lawan Tumênggung Suryanagari | amukula baris ing Jêpara | sigra budhal sabalane | mung kuda tigang atus | prajurite punggawa kalih | datan dangu katingal | barisaning mungsuh | nèng kilèn lèpèn Mas Rôngga | nabrang campuh wong Jêpara ambêdhili | kanthi Bugis Makasar ||

32. punggawa kalih anunjang wani | datan kandhêg binendrong sanjata | baris Japara gègère | akathah ingkang lampus | wong Bugise sisaning mati | wingwrin samya lumajar | binujung lumêbu | marang ing loji sadaya | bupatine manjing ing Juwana loji | saanak rabinira ||

33. wong Kumpêni anguluk-uluki | mriyêm saking loji kaping gangsal | punggawa kalih rêmbage | lajêng anulya mundur | dèrèng wontên timbalan malih | anggitik ing Juwana | mila sami mundur | Mas Rôngga Wirasantika | Dyan Tumênggung Suryanagara wus prapti | ngaturakên bandhangan ||

34. angandika Pangran Sukawati | Adhi Suryanagara kaya pa | ing loji Juwana kiye | pangungsèn pra tumênggung | lan Bupati Kudus ya maksih | nèng Mayong durung têbah | saka prajanipun | umatur Suryanagara |

--- 65 ---

baris Mayong botên pantês dipun galih | amung loji Juwana ||

35. pan sumôngga ing karsa upami | jêng paduka tan arsa ambêdhah | sumingkir ajrih yudane | akêdhik labêtipun | ing prang tuwan anampik loji | baris Mayong punika | bupati ing Kudus | ing mangke amba kengkenan | lamun amba pribadi nistha ing jurit | mêngsah gêrèh lumahan ||

36. samya gumujêng kang pra bupati | langkung sukane kangjêng pangeran | Suwandi mêtu sanggupe | nulya parentah sampun | nak-sanake kalih tinuding | aran Côndrakusuma | Wôngsakusumèku | amung prajurit sawidak | praptèng Mayong rame campuh ing ajurit | kalih bupatinira ||

37. datan tahan ing pamuk nadhahi | sami dhadhal Kudus kalih pisan | gugup akèh bandhangane | ngungsi dhatêng parau | wangsulira santana kalih | tur wikan wus kaplajar | bupati ing Kudus | bandhangan katur sadaya | langkung suka Jêng Pangeran Sukawati | Suwandi tinarima ||

38. dahat gawok sagunging bupati | dene Tumênggung Suryanagara | asipat ing pangucape | pangeran budhal gupuh | marang Mayong kang dèn sanggrahi | tilas barisanira | bupati ing Kudus | ing ratri apirêmbagan | enjangira dènnya arsa mukul loji | ing Juwana punika ||

39. kang rinêmbag prayogining jurit | nênggih wontên têlik tur uninga | yèn cacahe Kumpênine | mung tigang dasa pitu | pan kalêbêt kêstabêlnèki |

--- 66 ---

Bugise pitung dasa | inggih botên langkung | wondene barise Jawa | gangsal atus bupati tiga tan luwih | Tuwan Petor Juwana ||

40. winginipun sampun angusungi | brana arta binêktèng baita | mangke wus winangsulake | dhatêng loji sadarum | dipun kintên botên dhatêngi | inggih têdhak paduka | pangran ngandikarum | yèn kaya mangkono benjang | iya adhi payo padha angawaki | saananing bupatya ||

41. aja na kang nganggo saragêni | iya kabèh padha gèra wuntat | hèh Suryanagara kowe | pangawat têngênipun | sira Rôngga pangawat kering | ngong dadi lurah numbak | ing dhadha gon ingsun | sapa dadi sulih ingwang | nitih kuda nganggo upacara mami | bupati ingsun gawa ||

42. mila namur wong panumbak sami | nanging adhi iya aja cuwat | ing ayuda sasêdhênge | misih akèh ing pungkur | pagawean kang dèn lakoni | pama anyuru jênang | kang apanas iku | ywa sêlak arêp kewala | dèn aririh ubêngana turut pinggir | aja anyuru têngah ||

43. suwe-suwe pan adhêm pribadi | iya mangkono wong bôndayuda | wus akèh lêluwangane | wong unggul pêrang iku | mungsuhe wus akèh ngêmasi | kang kari mung sapala | binêrêg sinêlud | ingamuk tan nganggo taha | wong wus unggul praptane don asor malih | yèku prang luwih nistha ||

44. pan ing ratri rêmbage

--- 67 ---

wus dadi | enjang têngara dènnya budhalan | saking ing Mayong angkate | balakuswa anggrêgut | panganjure pra dêmang sami | marga anjog Juwana | kang bala panganjur | prasami angrayah Cina | Cina bandar kagegeran pothar-pathir | dungkap praptèng Juwana ||

45. jêng pangeran wus matah sêsilih | kang kinarsan Dyan Wôngsakusuma | lan Suwandi nak-sanake | salin busananipun | sinung ngangge agêming gusti | saupacaranira | dalah kudanipun | sira Dyan Wôngsakusuma | wus anitih turôngga asongsong kuning | mimba kangjêng pangeran ||

46. ginarêbêg ing wong magêrsari | dene pangeran nèng ngarsa têbah | lurah numbak panggenane | ing Juwana winuwus | apan sampun miyarsa warti | yèn pangeran wus bidhal | sing sanggrahanipun | arsa anggêcak Juwana | gya miranti rêmbage malang ngantèni | Mêgatsari wacana ||

47. hèh ta Citradiwirya bayèki | dudu pangerane kang anglarag | iya mung Suwandi bae | ika nak-sanak ingsun | nora sae ngladèni jurit | marga wêwatêkira | cilik mula gêcul | dèrèng tutug arêrasan | pacalange praptane pating karêmpis | sarwi jingga nonoman ||

41. Durma

1. mantri ingkang macalang asru turira | suwawi dèn unduri | nyêlak bètèng pisan | mêngsah wau angkatnya | sami bêkta prabot ngrampit | linggis lan ôndha | manawi bêbayani ||

2. dèrèng dugi wau dènnya pirêmbagan | kasêlak [kasêla...]

--- 68 ---

[...k] mungsuh prapti | ingkang kêkapalan | nunjang sarwi nyanjata | wong Pathi samya nadhahi | bendrong sanjata | mungsuh angidak wani ||

3. sampun mawur baris ing Pathi sasaran | lumêbèng ing jro loji | bupati kalihnya | Citradiwirya lawan | Radèn Arya Mêgatsari | petor amapag | manjing mring bètèng loji ||

4. petor ngucap tuwan dhua jangan susah | apa ta Mangkubumi | tidhak kalihatan | brani pelor Olandha | tan adangu mungsuh prapti | surak agiyak | kukuk sarwi ambêdhil ||

5. ingkang payung kuning gène maksih têbah | samana wong Kumpêni | mriyêm dèrèng munya | pijêr ngawaskên mêngsah | jêng pangeran angabani | prajuritira | amuk angrangsang biting ||

6. ragi bali ijo nyampinge pangeran | kinencong cawêt aglis | anoncong talêmpak | Radyan Suryanagara | wus ambuwang waosnèki | anarik pêdhang | tumèmpèl baluwarti ||

7. Rôngga Wirasantika wus narik pêdhang | gugup wadya Kumpêni | drèle tuna dungkap | mriyême datan angsal | mantri pinilih ngandhani | Suryanagara | pan sampun praptèng nginggil ||

8. kêstabêle pinêdhang têtiga pêjah | mriyême dèn tunggangi | Rôngga sampun minggah | kathah kang para dêmang | angrèp sami ngrangsang biting | otêr puyêngan | ing jro tindhih-tinindhih ||

9. Bugis Bali bingung prange tan karuwan | tunjang-tinunjang gênti | dènnya kalêbêtan |

--- 69 ---

mung lima ambêk pêjah | ing wuri akèh nututi | Kumpêni kathah | kamuk balasah mati ||

10. kang lumajar arsa mêdala ing lawang | Pangeran Sukawati | anglandhak talêmpak | bapang têngah wiwara | anêrak kapitan Bugis | mèh tinalêmpak | têluk angrungkêb siti ||

11. gya cinandhak lambunge kinèn ngadêga | pangeran ngandikaris | sakèh rowangira | kang têluk kaya sira | tanggungên yèn kongsi mati | kapitan nêmbah | ngundhangi rowangnèki ||

12. tuwan petor bingung minggah mènèk ôndha | lajêng anggêbyur kali | tambuh solahira | busêkan yêl-uyêlan | prajurit wus kathah manjing | pan kabrojolan | kalih Bupati Pathi ||

13. mung Ngabèi Juwana ingkang kacandhak | saanak miwah rabi | kantun dènnya oncat | marma kathah kang gagal | sarêng wus malêbèng loji | prajurit kathah | melik bêrana sami ||

14. rêbut dhucung dènnya angambil barana | kathah tur adi-adi | reyal anyar-anyar | kêton talèn rupiyah | abyor bêlasah nèng siti | gêrobog pêcah | ginandhèn dèn gitiki ||

15. sinjang kêling bêlasah mawarna-warna | Pangeran Sukawati | lênggah pêthi brana | prajurit lagi prapta | tan wruh lamun gustinèki | pangran jinêngkang | pangran kagyat anolih ||

16. wadya ingkang jêngkangkên lajêng lumajar | ana kang prapta aglis | arêbut jarahan | saking gunging bêrana | nagri Juwana pan alit | mung sèwu cacah | Dêmak nêm èwu [èw...]

--- 70 ---

[...u] sami ||

17. lan ing Pathi cacahipun kapat bêlah | èwu nora nimbangi | kalawan Juwana | gungipun kang barana | wit kathah ingkang dhatêngi | pra among dagang | saking liyan nagari ||

18. sawusira têlas dènira jêjarah | pangeran nulya mijil | tata pasanggrahan | nèng wisma kabupatyan | nagri Pathi dèn tanêmi | pinara tiga | ingkang nyèwu kêkalih ||

19. ingkang nyèwu Rahadèn Wôngsakusuma | lan Mangunjaya sami | kinulawisudha | jinunjung saking ngandhap | ingangkat pangkat bupati | sêbutanira | radèn tumênggung sami ||

20. ingkang sèwu limang atus sutanira | Mangunonêng ing nguni | nama Dyan Undhakan | tiyang Kamêntaraman | radèn tumênggung kêkasih | Mangunkusuma | katri Bupati Pathi ||

21. ing Juwana pinarapat karsanira | sumêngit kang sapalih | sinung nama dêmang | inggih Jayanagara | Purbayuda kang nisihi | sêbutan dêmang | Purbalêgawa nami ||

22. kang sapalih pinalih pranakan Cina | nama pun Sêmang Silih | satunggil winastan | inggih Dêmang Sapanjang | ing Kudus kang dèn paringi | rongèwu pisan | Radèn Suryanagari ||

23. wusnya lami pangeran anèng Juwana | wontên sadasa ratri | Bugis bêbandhangan | pan tigang dasa gangsal | tinantun tumut ngêmasi | saparanira | tan nêdya pisah gusti ||

24. kapitannya karan kapitan Juwana | pinatah andhingini | maring Sukawatya | ngantukakên barana | reyal jarahan ing loji | loji Juwana | dadya rolas [ro...]

--- 71 ---

[...las] turanggi ||

25. saturôngga tigang èwu momotannya | kanthinira lumaris | kapitan Juwana | lan bupati satunggal | ing Warung ingkang tinuding | ngantukkên arta | dhatêng ing Sukawati ||

26. pra bupati sadaya sami utusan | ngantukakên prasami | arta jêjarahan | mangkana jêng pangeran | budhal marang Mayong malih | sabalanira | rêmên papan prayogi ||

27. Mayong tumut bumi Kudus duk samana | lagyantuk tigang ratri | têlik aturira | Sakèbèr Pringgalaya | wontên ing Tanjung samangkin | wus tigang dina | inggih gènipun prapti ||

28. arsa jujul dhatêng ing lampah paduka | wontên kang dipun anti | Gupêrnur Samarang | bêkta Walandi usar | usare sampun dhingini | wontên ing Dêmak | gupêrnur dèrèng prapti ||

29. ingkang ngirid pun Rôngga Tisnawijaya | pangeran ngandikaris | paran budinira | Adhi Suryanagara | miwah ta Rôngga sirèki | kalih tur sêmbah | inggih lamun suwawi ||

30. rêmbagipun pra abdi dalêm sadaya | prayogi andhingini | baris Tanjung ingkang | sampun prapta cinacak | pangran panuju ing galih | sigra têngara | tambur bêndhe tinitir ||

31. budhal saking Mayong kang wadya gumêrah | gantya ingkang winarni | ing Tanjung barisan | Sakèbêr Pringgalaya | sawusnya miyarsa warti | Kumpêni usar | prapta saking Samawis ||

32. arsa jujul ing lampahira pangeran | kang anèng Mayong baris | Sakèbêr kalawan | sira sang mantri muka | matah [ma...]

--- 72 ---

[...tah] prajurit kang kari | Kumpêni dharat | lawan para bupati ||

33. prajurite Kumpêni dharat tinilar | satus lan pra bupati | nênêm sawadyanya | Tumênggung Mangkupraja | Wiraguna lawan malih | Kartanagara | miwah Yudanagari ||

34. Cakrajaya Dyan Tumênggung Natayuda | amung kang para mantri | ing Kartanagaran | tindhih kaliwonira | kang pinêthil dhèrèk sami | mring mantri muka | dene para bupati ||

35. kang kinanthi anitik barising mêngsah | Tumênggung Rajaniti | lan Dêmang Ngurawan | Tumênggung Wiradigda | Ônggawôngsa lawan malih | Dyan Kartadipa | prajuriting Kumpêni ||

36. kêkapalan dragundêr satus sawidak | Sakèbêr kang nindhihi | wus nêmbang têngara | bêndhe tambur wurahan | budhalan sagunging baris | sing Tanjung desa | gantya malih winarni ||

37. Jêng Pangeran Adipati Sukawatya | senapatining jurit | ing Tanjung wus prapta | mêdal sakilèn desa | ngidul ngetan lampahnèki | agêng dhusunnya | mila datan katawis ||

38. dupi prapta sakidul wetaning desa | pangarsa tur udani | yèn mêngsah katingal | Kumpêninipun kathah | giyak sagunging prajurit | sarêng umangsah | ngamuk mantri pinilih ||

39. ngêtap kuda Tumênggung Suryanagara | pra bupati nututi | samya ngêtap kuda | Rôngga Wirasantika | kang ngajêngkên pra bupati | Suryanagara | nunjang angilês wani ||

40. pothar-pathir kuthetheran barisira | sagunge pra bupati | ingidak warasan | dadya

--- 73 ---

mawur sasaran | Kumpêni prang lan pinilih | myang para dêmang | amuk tangkêping jurit ||

41. têtumpêsan Kumpêni satus wus pêjah | bêlasah pinggir kali | sagung pra bupatya | ingkang samya lumajar | mung badan sapata kari | tilar dandanan | mêngsah suka jarahi ||

42. rêrêmbatan sangu praboting ayuda | kèh warnane kang kèksi | pêthi pinêcahan | êtong mimis myang obat | wontên wong kacandhak urip | kang tinakenan | Sakèbêr anèng êndi ||

43. aturira Sakèbêr kesah anglanggar | lawan sang adipati | pangeran parentah | lah payo nusul mêngsah | gya budhal sagunging baris | sawetan desa | ngalèr kang dèn margèni ||

44. ya ta wau Sakèbêr lan Pringgalaya | anèng sakilèn dèsi | miyarsa sanjata | kidul wetan prênahnya | nulya kinon mariksaglis | Rôngga Lêlana | akanthi para mantri ||

45. nandêr ngidul sapraptaning kidul desa | menggok angetan kèksi | wangke ambalasah | dangu-dangu katingal | lamun wangkening Kumpêni | kang pra bupatya | sawadyane wus gusis ||

46. nulya wangsul anandêr Rôngga Lêlana | matur akêmpis-kêmpis | tuwan katiwasan | sagunging pra bupatya | myang sagung bala Kumpêni | têngga rêmbatan | sirna tan wontên kari ||

47. wangke Bugis Makasar katon bêlasah | dene kang pra bupati | tan wontên katingal | satunggil pan wikana | ênggène botên kadugi |

--- 74 ---

pêjah gêsanga | kagyat duk amiyarsi ||

48. lajêng nambur Sakèbêr angangah-angah | nandêr mangidul sami | praptèng kidul desa | anon wangke bêlasah | rêmbatan wus sirna gusis | Kumpêninira | satus tan kari siji ||

49. langkung gawok dene kathah pra bupatya | nora katêmu siji | Sakèbêr saksana | lan sagung pra bupatya | lajêng amangalèr ririh | baris tinata | tan dangu wus kaèksi ||

50. Pangran Sukawati angantosi mêngsah | nèng têgal dènnya rakit | ngara-ara jêmbar | barise sampun tata | dhadhane mantri pinilih | pangawat kanan | Radyan Suryanagari ||

51. ingkang kiwa Mas Rôngga Wirasantika | pangeran andhadhani | Kumpêni barisnya | gêlar wulan tumanggal | baris Jawa lan Kumpêni | ing Surakarta | tikêl tiga watawis ||

52. balanira pangeran karoban lawan | kukuk wong Sukawati | dragundêr drèlira | sapisan sinusupan | rame têmpuhing ajurit | ulêng-ulêngan | awor asilih ungkih ||

53. Dyan Ngabèi Tambaknagara palastra | kaliwon ing Panumping | Kumpêni sakawan | litnan ingkang palastra | Sakèbêr kiwul mapulih | panyakotira | nêdhas lambenirèki ||

54. gobrah-gobrah kadya buta amêmôngsa | rukêt ingkang ajurit | apêdhang-pinêdhang | ana tumbak-tinumbak | ana kang bêdhil-binêdhil | ana curiga | rame rok silih ungkih ||

55. sira LondropHondrop. Alpèrès tinumbak kêna |

--- 75 ---

mung lapaking turanggi | mring Jayaprabawa | lajêng narik curiga | ginoco alpèrès mati | pun Japrabawa | tinumbak saking wuri ||

56. mring Tumênggung Wiradigda kapisanan | sigra Suryanagari | angrukêt anumbak | Tumênggung Wiradigda | kaplêsat kudane kêni | kapangiringan | lêlèpèn pêdhot kalih ||

57. mèh pinindho Suwandi anggigit waja | mati mêngko wong iki | nulya katulungan | dene Kapitan Barak | pan sakawan rowangnèki | Suryanagara | kinêpung dèn kapati ||

58. mung kudane Suryanagara kang pêjah | mêdhun saking turanggi | wuru pamukira | awor malih kalingan | dragundêr mêngkap anuli | mayor tan kêndhat | pêdhange mobat-mabit ||

59. jêng pangeran anon wadya kang nèng dhadha | katon sayah ing jurit | wêlas jêng pangeran | sigra mundur lon-lonan | dupi miyat nganan ngering | pangawatira | Suryanagara maksih ||

60. miwah Rôngga dèrèng uwal pamukira | pangeran wangsul malih | angamuk manêngah | saking ramening aprang | pêpati sungsun atindhih | mungsuh lan rowang | nulya wau kang prapti ||

61. Radèn Ayu Adipati Pringgalaya | ginarêbêg prajurit | kapal tigang dasa | sarwi asongsong pêthak | pangrasane kang miyarsi | panguwuhira | hèh kulup Mangkubumi ||

62. kabangêtên babo nyawa solahira | nora angeman pati | bok uwis elinga | aja kaliwat-liwat |

--- 76 ---

myarsa Pangran Sukawati | mundur sawadya | lajêng kasaput wêngi ||

63. nanging rêmpu pangeran prajuritira | anglês bala Kumpêni | êpur têgêsira | Sakèbêr alon mojar | pigi mana dyan dipati | tuwan pangeran | singgah dhi mana nanti ||

64. anauri Adipati Pringgalaya | têmtu dhêkêt dhi sini | adha dhi bêrangkas | bukak pakean kudha | Mayor Sakèbêr ngling malih | saya mêlihat | têmên atinya kêcil ||

65. anauri Adipati Pringgalaya | kêndhati kêcil ati | asal jangan saya | dhèngên soldhadhu Blandha | Sakèbêr asru ambêlik | iya Olandha | nyang takut ati habis ||

66. mari ini malêm jugak baik brangkat | pigi dhi Dêmak nagri | wanci bakda ngisa | saking Tanjung budhalan | desa kang kamargan sami | samya ngobongan | minôngka tuduh margi ||

67. kacarita Tumênggung Suryanagara | dalu-dalu kêkambil | marga têlikira | sampun atur uninga | lamun rêmbaging Kumpêni | budhal mring Dêmak | kèndêl Tanjung tan wani ||

68. tinakenan mring kancane pra bupatya | dalu-dalu mring pundi | Suwandi saurnya | arsa gusah Walônda | nèng Tanjung ika nyukêri | Sakèbêr miwah | Pringgalaya Dipati ||

69. amung kuda salawe wus budhal sigra | kang kantun matur gusti | yèn Suwandi nglarag | pangeran angandika | hèh Rôngga paran pawarti | Rôngga tur sêmbah | wau amba takèni ||

70. dalu-dalu dene ngêngapani kuda | rencangipun [rencangi...]

--- 77 ---

[...pun] nauri | lamun arsa nglarag | Sakèbêr dipun gusah | tan purun angajak gusti | dhatêng kawula | myang kônca pra bupati ||

71. prajurite botên binêkta sadaya | mung salawe piniji | ingkang amiyarsa | samya gumuyu suka | wau lampahe wus têbih | Suryanagara | mèh anyandhak kêkinthil ||

72. wontên ingkang kantun bala Ônggawangsan | para mantri kêkalih | cacah kalih dasa | kang samya kêkapalan | cinêgatan dèn lancangi | datan anyana | lamun mungsuh nglancangi ||

73. gya sinapa kagyat mantri kalihira | wus nyana jroning ati | yèn Kangjêng Pangeran | Sukawati priyôngga | dene warnane apêkik | busana mubyar | pan dadya têluk aris ||

74. wusnya angsal kuda cacah kalih dasa | bêndhenira tinitir | baris gêng angira | baya sinusul marang | Jêng Pangeran Sukawati | lampah gancangan | Suryanagara bali ||

75. sapraptane Bêrangkas gawok sadaya | sagunge pra bupati | praptanira kathah | bandhangane turôngga | angsal bandera sasupit | katur pangeran | suka andhandhanggêndhis ||

42. Dhandhanggula

1. Mayor Sakèbêr myang nindya mantri | miwah sagung kang para bupatya | sadalu ribêd lampahe | enjing ing praptanipun | anèng Dêmak samya kapanggih | lawan kang kapalajar | sagung pra tumênggung | nanging pisah lawan bala | duk tumpêse prajurit dharat ing nguni | mawur arêbut gêsang ||

2. Radyan Tumênggung Kartanagari | miwah Tumênggung Yudanagara | Tumênggung [Tumêng...]

--- 78 ---

[...gung] Natayudane | Mangkupraja Tumênggung | lawan Lêksapraja Ngabèi | Tumênggung Cakrajaya | Majêgan sadarum | Kandhuruhan miwah Ngayah | lan ing Panjêr Pamêrdèn Dhaluhur Pasir | Kalibêbêr Trêsana ||

3. amung badan sapata kang kari | sakalangkung sami kawlasarsa | Sakèbêr dahat ngungune | gèdhèg sarwi amuwus | nyata abot Amangkubumi | jinurung ing Hyang Suksma | prabawane luhur | dene ta nora kayaa | janma ewon sirna kamanungsannèki | paran dadine benjang ||

4. Mayor Pèbêr sampun apêpanggih | lawan mayor usar têtabean | miwah para kapitane | ing rêmbag dadosipun | twan gupêrnur ingkang dèn anti | lan sagung wadyanira | kang para tumênggung | kapisah dèrèng angêmpal | sêdhêng ngumpul lawan nêntrêmakên pikir | sagung kang rusak ing tyas ||

5. kawarnaa Pangran Sukawati | senapati pramuka jayèngrat | sampun budhal sabalane | arsa kondur mangidul | kang tinilar nèng Kêndhêng sami | Dipati Suranata | myang Pangran Tumênggung | Gadamastaka kalawan | tiga pisan bupati nagri ing Pathi | lan pra dêmang Juwana ||

6. samya wontên timur dènnya baris | padhusunanira nagri Dêmak | wau pangeran kondure | ing Jakawal wus rawuh | eca manahira wadyalit | kang putra tinimbalan | duta mangkat sampun | ingkang marang ing Gêmantar | Pangran Mangkunagara pan sampun kerid | sapraptaning Jakawal ||

7. kuda pitung [pi...]

--- 79 ---

[...tung] atus kang umiring | wau pangeran atur pranata | ingaras bun-êmbunane | wusnya tata alungguh | nunggil lawan Pugêr Dipati | pangran dhawuh nalika | prang Juwana Tanjung | malah kongsi pitung dina | nèng Jakawal Pangeran Mangkunagari | kunêng malih winarna ||

Lajêng nyandhak jilid 5.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

29. Ing kitha Surakarta, prajurit angêlud mêngsah ingkang ngrampit kitha ... 5

30. Jayakartika pêjah ing paprangan, kitha Surakarta kêkês, Pangeran Mangkubumi gêtun ... 12

31. Pangeran Mangkubumi ngrampit kraton Surakarta ... 27

32. Pangeran Mangkubumi anjarah-rayah ing Juwana, lajêng wangsul dhatêng Jakawal ... 57