Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  2. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  3. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 03) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  4. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  5. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  6. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 06) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  7. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  8. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 08) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  9. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  10. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  11. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 11) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  12. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  13. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 13) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  14. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 14) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  15. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 15) . Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  16. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  17. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  18. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  19. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  20. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
  21. Babad Giyanti, Balai Pustaka, 1937-39, #985 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti
Image

Serie No. 1259d

Babad Giyanti

Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.

Jilid 5.

Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.

--- [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.

--- [3] ---

33. Kumpêni nglacak Pangeran Mangkubumi§ Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W.

8. Gupnur Hondhorêp ing Dêmak prapti | panggih Pèbêr tinanggap tuturnya | ing prang sasolahbawane | gèdhèg dahat anjêtung | twan gupêrnur duk amiyarsi | Sakèbêr aturira | têlik gya dinangu | pamanggèning jêng pangeran | matur lamun wus kondur mring Sukawati | anèng dhusun Jakawal ||

9. amung para bupati pasisir | têtanêmane pangran sadaya | wontên ing timur barise | gupêrnur rêmbagipun | Mayor Pèbêr kinèn anganthi | sagung prajurit usar | anusula mungsuh | anggêcak ing Sukawatya | saparane pangeran ing Sukawati | kinèn ngungsir kewala ||

10. wusnya dadi gènnya gunêm pikir | badhe anglut marang Sukawatya | gupnur ing Dêmak wangsule | sagung kang pra tumênggung | miwah sira sang nindya mantri | lan gupêrnur tabean | sarêng budhalipun | kang mantuk marang Samarang | kang angetan sagunging baris Kumpêni | miwah kang pra bupatya ||

11. barisan timur kang dèn ampiri | bubar ngawêt nanging nora bisa | cara Pajang Matarame | mung sadina kabutuh | nora luwês olahing jurit | dadya golong lumajar | angungsi mangidul | gantya malih kawuwusa |

--- 4 ---

Jêng Pangeran Adipati Sukawati | kang lagya pagunêman ||

12. lan kang putra miwah pra bupati | ingkang amrih jêmbaring jajahan | ing ayuda mrih kobète | nuntên kang pra tumênggung | ingkang sami tinilar nguni | punggawa pasisiran | kang baris ing timur | Adipati Suranata | Pangran Gadamastaka myang pra bupati | ing Pathi lan Juwana ||

13. sami prapta umatur ing gusti | yèn Sakèbêr sampun binantonan | rongatus usar cacahe | samya Kumpêni jitus | ing ayuda tan pilih tandhing | mangkya kadya duk nabrang | wukir Kêndhêngipun | jêng pangran alon ngandika | hèh ta kulup paran prayoganing pikir | apa iya pinapag ||

14. dimèn wêruh tangkêping ajurit | sun cobane Si Kumpêni usar | kang putra gondhèl ature | saking pamanggih ulun | prayogine dipun oncati | margi abdi paduka | sangêt sayahipun | pangran kèndêl tan ngandika | ngêningkên tyas cipta mêlêng mring sawiji | narawang datan samar ||

15. mangke kêdah kèndêl mangun jurit | dèrèng môngsa angantêpa yuda | pangran alon timbalane | iya wus bênêr kulup | Kakang Pugêr ngetana bênjing | kulup sira ngidula | yèn wis katon mungsuh | angalor ngulon manira | rêmbug wusnya dadi sigra angundhangi | nyingkirakên para dyah ||

16. gya budhalan sagunging pra èstri | bupatine kang dhèrèk pangeran | amung sakawan cacahe | myang pasisir sadarum | ya ta datan kawarnèng

--- 5 ---

ratri | enjing têngara budhal | wadya pinartêlu | ingkang mangilèn pangeran | jog Majênang mangalèr sawadyanèki | lan mungsuh saliringan ||

17. mungsuh nabrang kidul Kêndhêng prapti | pangeran nabrang lèr Kêndhêng prapta | awêwêlutan lampahe | wong pasisir kang nungkul | kèh cinêkêl maring Kumpêni | Dipati Suranata | Pangeran Tumênggung | Gadamastaka kalawan | Dyan Tumênggung Pathi katiga dhingini | prapta nagaranira ||

18. Pangran AdapatiAdipati. Sukawati | sampun prapta têlatah ing Dêmak | lawan sagung prajurite | lajêng mring Kadilangu | amundhut mring Pangeran Wijil | kadangipun sajuga | de pangeran durung | darbe abdi kawijilan | sawêg saking Karanggan marma ing mangkin | ywa tanggung adarbea ||

19. dadya kang raka Pangeran Wijil | nama Pangeran Wirakusuma | tumut salampah badhene | pan wus binêkta sampun | pangran budhal sawadyanèki | wangsul marang ing Dêmak | makuwon ing Gubug | kunêng gantya winursita | Mayor Pèbêr myang Pringgalaya Dipati | miwah Kumpêni usar ||

20. sampun prapta tanah Sukawati | ing Jakawal amanggih gêgaman | akathah nanging lumèngsèr | sapalih kang angidul | kang mangetan inggih sapalih | kang tinarka Pangeran | Sukawati ngidul | dene mawi songsong jênar | kêkapalan pitung atus winatawis | kang ngetan sami uga ||

21. kang angidul ingkang tinut wuri | yèn binêrêg linawanan yuda | dadya tarung

--- 6 ---

lèrès bae | wau pakuwonipun | ing Jakawal dipun obongi | wus lajêng lampahira | Kumpêni mangidul | kèndêl wau pangungsirnya | pan kasaput ing dalu makuwon sami | wontên Gonggang Dhalungan ||

22. enjingira pangran sampun têbih | gaman praptane Matesih desa | angetan ilang larine | Kumpêni laju ngidul | maring Surakarta nagari | Pèbêr myang Pringgalaya | wau karsanipun | mayor usar lan kapitan | dimèn sowan ing kangjêng sri narapati | wus praptèng Surakarta ||

23. Oprup Totlomondo wusnya panggih | ingkang sami saking palurugan | lajêng ingirid lampahe | sowan jêng sang aprabu | praptanira kadhaton sami | sawusnya têtabean | lajêng tata lungguh | Sakèbêr lan mayor usar | kapitane kêkalih lutnannya kalih | mèsêm suka sang nata ||

24. salamine dèrèng aningali | Kumpêni kang busana mangkana | sangkêlat ijo rokine | samya abrit brukipun | topinira kêkucur sami | pêdhangipun apanjang | ngandika sang prabu | mring Dipati Pringgalaya | ditêmêni yayi êmas Mangkubumi | nganggo Walônda usar ||

25. Kumpênine usar maksih baris | lèr waringin kurung agêgabag | asri tinon busanane | wus dangu samya mundur | mêdal saking sajroning puri | apan dadi tontonan | usar praptanipun | Mangkuratan PakubananPakubwanan (dan di tempat lain). | dèrèng wontên Kumpêni ingkang kadyèki | karya ebat [e...]

--- 7 ---

[...bat] kang miyat ||

26. sampun sinung pamondhokan sami | anèng loji bakal Wlônda usar | gantya kang winuwus mangke | kang makuwon ing Gubug | jêng pangeran ing Sukawati | budhal ngidul samana | Garobogan rawuh | lajêng ngidul saha bala | marang Sukawati kang dèn pasanggrahi | nèng dhusun Pasumbêran ||

27. Adipati Pugêr nulya prapti | panggih lawan pangran samya suka | anutugakên rêmbage | kintun pustaka ngidul | maring Pangran Mangkunagari | Pugêr atur pariksa | yèn kang rama rawuh | amakuwon ing Sumbêran | lawan kinèn siyaga kaprabon jurit | arsa mukul Mataram ||

28. praptèng Gêmantar kang punang tulis | katur pangran winaos gya budhal | angalèr lan sabalane | ing marga tan winuwus | praptanira ing Sukawati | mring rama ngaras pada | mangusapi lêbu | wus sami atata lênggah | Adipati Pugêr miwah pra bupati | aglar anèng ngayunan ||

34. Ing tanah Mataram Tumênggung Jayawinata ambalik

29. pan sinigêg kang mêmangun pikir | kawuwusa malih Surakarta | Pringgalaya ing samangke | nyiyosakên panyuwun | ing Mataram wus dèn turuti | gandhèk ingkang dinuta | dhawuhkên amundhut | sakathahing bêkêl desa | cinarita sapraptanirèng Matawis |

--- 8 ---

bêkêl datan lênggana ||

30. bêkêl tigang èwu dèn tampèni | amung kantun sèwu Jawinata | wau gandhèk saulihe | kadalon lampahipun | Parambanan sipêng saratri | sarêng wus gagat enjang | bêkêl tigang èwu | prasamya minggat sadaya | ana ingkang kari ingandhêg tan kêni | amêksa samya kesah ||

31. nulya wontên dêdamêl kang prapti | tigang atus sami kêkapalan | Jayawinata sutane | Sêcawijaya juluk | lan pulunanira wêwangi | Puspawijaya miwah | juga kanthinipun | lêlurah mantri Mataram | kang anama Surajênggala Ngabèi | praptaning Parambanan ||

32. lan prayayi gandhèk wus apanggih | tuwin prayayi Kapringgalayan | wus sami tata linggihe | Sêcawijaya muwus | kula niki milane prapti | ingutus putra dika | pun rama tumênggung | yèn tan angsala sêsambat | sayêktine pun rama siyos ambalik | ambêkta wong Mataram ||

33. ingkang wolu likur èwu sami | pan binêkta ambalik sadaya | sampun binêbêg samangke | kang liningan sumaur | adhuh putu paran puniki | gya pamit wangsul nulya | kuda tigang atus | gandhèk sami pirêmbagan | lajêng mantuk tan angsal patinggi siji | praptèng praja asmara ||

43. Asmaradana

1. wus katur ing sri bupati | gandhèk kang saking Mataram | Jayawinata mopone | gumyahing wong sanagara | balik Jayawinata | dadya karsanya sang prabu | Adipati Sindurêja ||

2. kang kinèn [ki...]

--- 9 ---

[...nèn] akirim tulis | angrapu Jayawinata | ananggung yêkti wurunge | Adipati Sindurêja | sampun kintun pustaka | ya ta wau kang winuwus | Pangran Arya Danupaya ||

3. pamit kesah botên lami | sapraptane Parambanan | panggih mantri pangajênge | Tumênggung Jayawinata | pangeran angandika | hèh mantri tutura gupuh | mring paman Jayawinata ||

4. ingsun arsa mring Matawis | angumpul lawan si paman | iya apa sakarêpe | ingsun anganti ing sira | mantri kesah tur sêmbah | praptaning Ngayogya sampun | katur mring Jayawinata ||

5. ing sadhawuhe wêwêling | Pangran Arya Danupaya | JayawitanaJayawinata. ambêkès | iku Pangran Danupaya | sok ngrusuhi bêndungan | ngrusuhi têlèdhèk dhusun | môngsa dadia abahan ||

6. nuli balia kon mulih | tutura ingsun tan arsa | yèn mêksa kudu marene | nuli mriyêmên dèn enggal | mantri wangsul turira | paduka ngaturan wangsul | ki tumênggung botên arsa ||

7. yèn paduka mêksa manjing | inggih dhateng ing Mataram | tanpa karya sayêktine | Pangran Arya Danupaya | wangsul apêlarasanapalarasan. | praptane ing Babad dhusun | laju ambêdhah bêndungan ||

8. nulya wontên prapta malih | sira Jêng Pangeran Rôngga | ing Parambanan kèndêle | mantri pangajêng tur priksa | wontên pangeran prapta | Pangeran Rôngga abagus | Jayawinata lingira ||

9. iya balèkna tumuli | sanadyan silih bagusa |

--- 10 ---

sok ngrusuhi gêmak jagong | môngsa ngêntasana karya | mantri wangsul wêwarta | Jayawinata turipun | pangran kondur palarasan ||

10. nuntên wontên prapta malih | Pangran Suryadikusuma | lan Pangeran Arya Pamot | pangran kalih kèndêl samya | anèng ing Parambanan | mantri pangajêng asung wruh | yèn wontên pangeran prapta ||

11. Arya Pamot lan Suryadi | angucap Jayawinata | tarinên pangeran karo | lamun nyata uwis têrang | dhawuhe Jêng Pangeran | Sukawati apa sanggup | miturut pratikêl ingwang ||

12. sun aturi anglakoni | bêdhah Kêdhu sun tur bala | jaranan tri atus bae | mantri ngajêng wangsul sigra | panggih lawan pangeran | tinari pan samya purun | nglêboni ing Kêdhu praja ||

13. anulya wau dèn irid | nanging kinèn ambanjura | Suryadi lan Arya Pamot | tan kêna mampir Ngayogya | dene ta kang dinuta | lawan kuda tigang atus | Ngabèi Surajênggala ||

14. wus lajêng lampahirèki | kerid ing Surajênggala | sapraptanira Sêrowol | kilèn Tarayêm prênahnya | nêlukakên wong desa | kang nora têluk ginêpuk | majêng marang Parimana ||

15. wus kathah kang nungkul sami | amêmacak mantri desa | wimbuh agêng gêgamane | anyahak Kilènparaga | Payaman wus kaidak | saking kang êlèr wus suyud | anèng Watês barisira ||

16. kuda sèwu winêtawis | sagêd datan kawursita | kang sampun [sampu...]

--- 11 ---

[...n] agêng barise | cinatur Jayawinata | wus anampèni sêrat | pangrêpa angipuk-ipuk | saking Dipati Sindurja ||

17. winangsulan nanggikrami | sêratira sang dipatya | wus anglalu jroning tyase | mangkana mantri urunan | karajanitèn samya | wruh lamun têtela sampun | pratikêle Jawinata ||

18. pangeran kêkalih sami | marang Kêdhu binantonan | pratôndha ing pambalike | mantri rajanitèn rêmbag | kesah saking Ngayogya | mring Surakarta wus kêbut | sapraptanira jro praja ||

19. panggih lawan rajaniti | wit iku bupatinira | sagung mantri rajanitèn | binêkta mring kapatihan | lajêng kinèn ngaturna | mring srimanganti anjujug | Tumênggung Puspanagara ||

20. wus konjuk jêng sri bupati | Dyan Tumênggung Jawinata | têtêp tuhu pambalike | kang dhatêng Kêdhu punika | kêkalih pra pangeran | binêktan prajuritipun | têtindhih Surajênggala ||

21. lawan sampun angaturi | panungkul dhatêng Pangeran | Sukawati utusane | atur sanjata sadasa | lan waos kalih dasa | miwah reyalipun sèwu | nanging lampah dhêdhêmitan ||

22. sri bupati duk miyarsi | sigra dènira dhêdhawah | mring dipati sakarone | lan oprup kinèn amanah | dadosipun kang rêmbag | Sakèbêr ingkang amukul | ing Kêdhu dragundêrira ||

23. satus akanthi prajurit | kalih atus ingkang dharat | myang kalih atus usare | Mayor Por tindhihing [tindhih...]

--- 12 ---

[...ing] yuda | gunggung Kumpêni pêthak | gangsal atus cacahipun | gangsal atus Kumpêni Slam ||

24. senapatinipun Jawi | gantya Dipati Sindurja | sri narendra timbalane | sagung kang para bupatya | tan ewah ingkang lampah | kadi duk têtindhihipun | Adipati Pringgalaya ||

25. wus pamit ing sri bupati | budhal saking Surakarta | langkung agêng gêgamane | kalih ratri anèng marga | lampah mêdal Bahrawa | para bupati ing Kêdhu | môngka panganjuring lampah ||

26. mungsuh myarsa angoncati | Pangran Suryadikusuma | lan Pangeran Arya Pamot | mundur dhatêng ing Payaman | Kumpêni prapta Cathak | sagung kang para tumênggung | ingkang kinèn amukula ||

27. barise pangeran kalih | pra bupati lampahira | ing Payaman duk praptane | lajêng campuh ing ayuda | bêdhil-binêdhil samya | maksih gêtas perangipun | Pamot Suryadikusuma ||

28. sinarêmpêng angoncati | saking Payaman wus dhadhal | anglarug anjog ing Lengkong | Kumpêni kèndêl akarya | pakuwon binêcikan | ing Tarayêm ênggènipun | apacak baris santosa ||

29. kunêng gantya kang winarni | Sultan Dhandhun ing Sêmbuyan | miyarsa lamun wartane | pambalike Jawinata | ambêbêg wong Mataram | kèh para pangeran rawuh | mring Mataram tinampikan ||

30. gunêm lan Dipati Gêndhing | Purbaningrat Dipaningrat | miwah sira Arya Bangkong | myang Radèn Purbanagara | Kartasari kalawan | Tambakyuda [Tamba...]

--- 13 ---

[...kyuda] kang tinantun | sultan pangandikanira ||

31. sun arsa têdhak Matawis | bokmanawa Jawinata | ingsun kang pinilih dhewe | wartane kèh kadang ingwang | kang prapta tinampikan | kang maksih anèng prajagung | miwah kang wus anèng alas ||

32. awit ora ibu sori | padha bibi wong urakan | mulane tinampik kabèh | sigra angundhangi bala | ingkang rayi tinilar | atêngga Sêmbuyan gunung | Pangran Arya Singasêkar ||

33. Sultan Dhandhun Martèngsari | wus samêkta balanira | budhal saking ing Kasine | tigang atus kêkapalan | gangsal atus kang dharat | angilèn ing lampahipun | ing marga datan winarna ||

34. sampun prapta ing Magiri | anulya wau utusan | ingkang dinuta wong wadon | Bok Ajêng Sulah namanya | praptane ing Ngayogya | panggih Jawinata sampun | andhawuhkên kang timbalan ||

35. Sultan Dhandhun Martèngsari | inggih arsa pêpanggihan | lawan paduka ing mangke | kèwêdan Jayawinata | dene tan mêdal marga | dumarojog dutanipun | Tumênggung Jayawinata ||

36. budhal saking ing Matawis | pitung atus kêkapalan | wus prapta ing Magirine | kapanggih kalawan Sultan | Dhandhun Amartèngsêkar | angandika nêdya ngumpul | sabyantu baya antaka ||

37. Jawinata turiraris | inggih agampil bandara | nanging tur kawula anggèr | singa-singa ingkang karsa | ngabdèkaken kawula | ujêr karsa rêmak-rêmpu | wontên nagari Mataram ||

38. môngsa [mông...]

--- 14 ---

[...sa] sandea Matawis | linurugan ing Walônda | ing prang apilih bobote | tan nôngga yèn kadya amba | tan sande têtumpêsan | Sultan Dhandhun mèsêm muwus | gih paman bênêr andika ||

39. nanging yèn têrah Matawis | môngsa wêdia palastra | Jayawinata ature | bandara wêkdal samangkya | tan kenging ingandêlna | wêwatêkaning wong agung | asring tiwas tanpa tuwas ||

40. mêsakakên tiyang alit | santana wadya paduka | dene sami aprang lèrès | punapa tan amiyarsa | wartane eyang-eyang | sawêg sajuga kang thukul | raka paduka pangeran ||

41. Adipati Sukawati | pintên ta lamine mêdal | saking nagari ing mangke | dèrèng wontên tigang warsa | dènnya murwèng ayuda | pawartane sampun antuk | anumpês Kumpêni pêthak ||

42. myang Makasar Bugis Bali | kirang langkung wus sanambang | anèng madyaning palugon | pangeran kang kathah-kathah | windon dènnya murwèng prang | Walandi picak tan antuk | inggih satunggil kewala ||

43. paran gènnya anglabuhi | jêng sultan netyane pucat | abdinira dhingkul kabèh | dene Dyan Jayawinata | pasêmon aturira | Sultan Dhandhun sigra muwus | yèn kula wus kanthi dika ||

44. yêkti kêna dèn tingali | miwah kêna piniyarsa | Jayawinata ature | anggèr wong Jawa punika | angèl ingkang wêwatak | mung angilo tabêtipun | sanadyan têrah Mataram ||

45. bapa

--- 15 ---

raja ibu sori | kang amutêr tanah Jawa | nanging tabêting prang jirèh | yêkti kêdhik kang suwita | angrasa tanpa tuwas | lamun tabêting prang purun | yêkti kathah kang suwita ||

46. Jêng Pangeran Mangkubumi | karya ebat kang umiyat | enggale kathah wadyane | bupatine kalih dasa | satunggiling bupatya | abêbala tigang atus | kawan atus kang warata ||

47. môncanagara pasisir | akathah kang wus kaidak | yèn ginunggung sadayane | kadi yèn wontên salêksa | lah puniku wong Jawa | amung tabêting kang tinut | tabêt ala manggih ala ||

48. tabêt bêcik manggih bêcik | Jawinata nulya ngajak | pocapan lan punggawane | pintên lamine Pangeran | Mangkubumi murwèng prang | angawaki goprak-gapruk | balane lajêng alêksan ||

49. darbe bupati pasisir | bupati môncanagara | ingkang cêlak lawan gone | ing Sukawati punika | nora nganti sapasar | têlung dina nuli têluk | ing Warung lan Jagaraga ||

50. Garobogan Blora Pathi | Jêpara Juwana Jipang | Kudus ing Dêmak wus dene | hèh adhi Purbanagara | mungguh kang panjênêngan | bandara lami gènipun | pinarak tanah Sêmbuyan ||

51. bok inggih dika akali | ing Kaduwang langkung cêlak | tuwin ing Pranaragane | darapon nuli kandêla | inggih dhatêng wong Jawa | Purbanagara sumaur | kiyai sadasa-dasa ||

52. mangsane dèrèng marêngi | ngling malih Jayawinata |

--- 16 ---

kadi puniki karsane | Mataram wontên punapa | jêr wit saking kawula | tan wontên malangi kayun | tanpa karya ingancikan ||

53. bandara kula aturi | nabranga Kilènparaga | anjangkaha ing Pagêlèn | kula angaturi bala | tigang atus turôngga | Sultan Dhandhun manthuk-manthuk | gih bênêr puniku paman ||

54. kula nuli anglakoni | anjangkah Kilènparaga | sintên dika gawakake | umatur Jayawinata | gih pun Wiramanggala | anak kawula puniku | kawula sumanggèng karsa ||

55. dyan tumênggung wus amangsit | mring putra Wiramanggala | mangkana ing pitungkase | kulup yèn tan wani ngambah | sakulon Bagawônta | tan bêdhah Pagêlèn tuhu | sira nuli amoroda ||

56. apa gawe atut wuri | pangeran tan jegos aprang | angur golèka liyane | bandara kang wani aprang | Radèn Wiramanggala | wontên Magiri angantun | kanthi prawira taruna ||

35. Tumênggung Jayawinata kapanggih kalihan Pangeran Mangkunagara, lajêng campuh pêrang kalihan wadyabala Kumpêni

44. Sinom

1. Tumênggung Jayawinata | wus pamit saking Magiri | mantuk dhatêng ing Ngayogya | Sultan Dhandhun Martèngsari | budhal Ngilènparagi | wadya turôngga nêmatus | sèwu

--- 17 ---

wadya kang dharat | mangkana lampahing baris | wus angancik wontên dhusun Pakêboan ||

2. nulya pacak barisira | kawan èwu Kilènpragi | sawetaning Bagawônta | wus nungkul sadaya sami | amêmacak bupati | para patinggi kang patut | rongèwu pinarapat | kang rongèwu wus kinardi | pinarucah mantri jro saragni numbak ||

3. ingkang ingangkat bupatya | ing Pakêboan patinggi | Tumênggung Martanagara | lawan ing Lêndhah patinggi | kang ingangkat bupati | Jayapranata Tumênggung | bêbêkêl kamodinan | pinacak wadya bupati | sinung nama Dyan Tumênggung Wirasastra ||

4. Bêkêl Tarayu ingangkat | tumênggung sinungan nami | Dyan Tumênggung Wanadirja | Sultan Dhandhun Martèngsari | karya badhaya srimpi | lan mundhut talèdhèk dhusun | kinarya ringgit tiyang | tan kêna bathuk kalimis | pinundhutan supe pakaryaning aprang ||

5. dhusun kilèn Bagawônta | pra patinggi anyakikil | patuh tumut gêdhong kiwa | datan purun têluk aris | Jagabaya wêwangi | ingkang dadya tindhihipun | dhusun ing numbakanyar | sèwu kaparak waradin | urun bala madêg agêng barisira ||

6. wau kalane miyarsa | Sultan Dhandhun Martèngsari | agung andhawuhi surat | mring sagung para patinggi | pinrih têluk kang aris | wong Pagêlèn ora gugu | malah anguman-uman | iku Sultan Martèng jirih | sun tan sotah têluk Sultan Saridrana ||

--- 18 ---

7. iya kapan anabranga | Bagawônta sun tadhahi | wong desa wolulas samya | padha wani nyênyumbari | dadya marêming galih | wong patang èwu kang êmpuk | ambangun kawiryawan | wontên sa-Kilènpêragi | ringgit tiyang têledhekan bêbêdhayan ||

8. gantya ingkang cinarita | Pangeran Mangkunagari | kondure saking Jakawal | mundhi dhawuh tata baris | kinèn gitik Matawis | Jawinata ngantêp purun | angimanakên sapa | iya sapa dèn sênêngi | ingkang yakti wujude tuwajuh ing tyas ||

9. sapraptanira Gêmantar | Pangeran Mangkunagari | samêkta kapraboning prang | budhal sawadya lumaris | prajurit kang turanggi | saking wetan pitung atus | saking kilèn kang bala | pitung atus kang turanggi | wadya dharat akathah yèn cinatura ||

10. Pangeran Mangkudiningrat | pan sampun dipun dhawuhi | yèn timbalane kang rama | kinèn anggêcak Matawis | dene lamun lêstari | Jawinata sungkêmipun | Pangran Mangkunagara | dhinawuhan anindhihi | barisira sagunge tiyang Mataram ||

11. lajêng kinèn angadua | lawan Sakèbêr ajurit | nagri Kêdhu dèn rêbuta | ingkang rama kang wêwêling | wau lampahing baris | pangeran sawadyanipun | prapta dhusun Mutihan | karya pakuwon anganti | arsa nglampahakên duta mring Mataram ||

12. kang baris ing Palanggêran | Pangeran Pamot wus prapti | sowan maring ingkang raka | dhusun Mutihan prênahing | sakidul kilèn Wêdhi |

--- 19 ---

pangeran sigra anuduh | Mantri Jayakintaka | bêkta sêrat mring Matawis | tan kawarna lampahe praptèng Ngayogya ||

13. panggih lan Jayawinata | pinaringkên punang tulis | tinampèn sinuksmèng driya | Jawinata mèsêm angling | inggih puniku adhi | ênggène bandara dhawuh | timbalane kang rama | Jêng Gusti ing Sukawati | kadiparan kalamun Jayawinata ||

14. darbe atur ngamandaka | anganggo lambe kêkalih | môngsa dadia manusa | Sultan Dhandhun Martèngsari | praptane ing Matawis | laju kula jabung alus | baris sa-Kilènpraga | kula inggih botên ngimpi | ngugêmana pangran jirih ing ayuda ||

15. anulya karya wangsulan | punang pustaka wus dadi | binêkta pêpatihira | Puspawijaya Ngabèi | sarêng angkatirèki | lan pangran utusanipun | Mantri Jayakintaka | kathah dènnya atur bêkti | sapraptane ing pakuwon Pamutihan ||

16. laju marêk ngarsanira | Pangeran Mangkunagari | ngaturkên sêrat wangsulan | miwah sanjata sarakit | sajuga kang turanggi | lawan yatra kalih atus | miwah badhe rasukan | baludru wungu myang wilis | srat binuka pangeran kalangkung suka ||

17. myarsa têmbunging pustaka | Jawinata sungkêm yêkti | pangeran nulya kasukan | lawan Pêpatih Matawis | Puspawijaya Bèi | sinuba-suba anutug | saratri anayuban | enjinge tinundhung mulih | Dyan Ngabèi Puspawijaya Mataram ||

18. Tumênggung Jayawinata |

--- 20 ---

kinèn sowana pribadi | praptaa ing Pamutihan | dèn wangêni limang ari | Puspawijaya pamit | lan pangeran wêlingipun | maring Puspawijaya | kang uwa Pangran Suryadi | kinèn bêkta mring Tumênggung Jawinata ||

19. Pangeran Mangkunagara | pêparentah mring kang rayi | kinèn sami anêlukna | dhusun kidul Bayalali | kang kinon mangkat aglis | Jayawinata winuwus | budhal saking Mataram | ing Pamutihan wus prapti | wadyanira kang samya umiring lampah ||

20. prajurit wahana kuda | sèwu nêmatus tan luwih | sèwu prajurite dharat | dene prajurit kang kari | têngga Ngayogya nagri | kalih èwu tigang atus | kang samya kêkapalan | dene sagunging prajurit | ingkang dharat akathah tanpa petungan ||

21. rinangkul Jayawinata | pangeran karasèng galih | duk sami baris Drêsanan | samya dadya senapati | Jayawinata ririh | wau dènira umatur | anggèr kula wus lama | kengkenan mring Sukawati | tur pratôndha dhumatêng rama paduka ||

22. kula dèn srahkên paduka | susah paduka nimbali | inggih ta môngsa sandea | paduka kula aturi | têdhak dhatêng Matawis | pangeran suka gumuyu | gih paman sampun kêmba | mangke kadipundi pikir | aprakara Si Pamot putra andika ||

23. lan wa Suryadikusuma | punapa sagêd mangsuli | ing bawah Kêdhu punika | Jayawinata turnyaris | botên kula watawis | dene dahat gawatipun | Kumpêni sampun [sa...]

--- 21 ---

[...mpun] kathah | bêbantu saking nagari | kanthi para bupati sawadyanira ||

24. pun wa Suryadikusuma | pamanah kula prayogi | yèn sampun rama paduka | Sultan Dhandhun Martèngsari | inggih gumingsir saking | sa-Kilènpraga puniku | kang uwa mêngkonana | kawan èwu Kilènpragi | dene mênggah rayi paduka sumôngga ||

25. pangeran alon ngandika | gih paman sampun prayogi | adhi mas Pamot punika | mantuka mring Pajang malih | dene uwa Suryadi | bilih inggih paman Dhandhun | Martèngsari wus kesah | mêngkonana Kilènpragi | awit paman Dhandhun ajrih magut yuda ||

26. bêdhah Kêduwang tan bisa | mring Pagêlèn saya jirih | gunêm sajroning nayuban | amuput kongsi saratri | Pangran Mangkunagari | enjang andhawuhi sampun | mring bupati pangarsa | kang kinèn ngatêr kang rayi | anampèni lênggah dhusun tanah Pajang ||

27. kawan èwu urutira | Malinjon Pokak ing Gadhing | sapangalèr sapangetan | watês sawetaning Upit | Jungkare Trayêm dèsi | Jurangjro saurutipun | winatês kawan nambang | langkung kêdah tur udani | sigra budhal pangran akanthi bupatya ||

28. Pangeran Pamot pinarnah | Marêbung dènira baris | wus atarub bawahira | Pangeran Mangkunagari | budhal marang Mantawis | sawadyakuswa wus kêbut | Pangran Mangkudiningrat | dhinawuhan kantun baris | atêtêpa anèng ing dhusun Mutihan ||

29. pangran lan [la...]

--- 22 ---

[...n] Jayawinata | lampahe Ngayogya prapti | ingaturan masanggrahan | nèng sajroning baluwarti | miwah sawadyanèki | cinatur ingkang tut pungkur | Sultan Dhandhun samana | morot sawadya tan kari | praptanira Ngayogya marêk pangeran ||

30. Rahadèn Wiramanggala | dinangu aturiraris | lamun Sultan Buminata | tan karsa ngawaki jurit | tur mung mêngsah patinggi | daya mêngsaha tumênggung | mung ulah kawibawan | wontên sa-Kilènpêragi | karya tlèdhèk sarimpi miwah bêdhaya ||

31. sarta karya ringgit tiyang | tan kenging bathuk kalimis | sabên wanodya katingal | mrênyên arêsik sakêdhik | yêkti dipun pundhuti | pangran duk midhangêt atur | ngungun atêbah jaja | Wiramanggala Ngabèi | sampun kinèn aso maring wismanira ||

32. Pangeran Mangkunagara | sawêg angsal kalih ratri | dènira anèng Ngayogya | mantri pangajêng Matawis | prapta atur udani | yèn Sakèbêr badhenipun | anglarag mring Ngayogya | inggih kirang tigang ratri | angkatipun saking ing Tarayêm desa ||

33. pangeran lan Jawinata | rêmbagipun sampun dadi | lamun karsane pangeran | nglarag bidhale nyarêngi | Jawinata ngundhangi | mring wadya samaktèng pupuh | wusnya miranti budhal | gunging wadya winitawis | kadi langkung kawan èwu kêkapalan ||

34. rêmbag gêlaring ayuda | pinôntha pat kanêm sami | kang tinêmpuh ngoncatana | anjambaka saking wuri | aran gêlar manthalit | dimène [dimè...]

--- 23 ---

[...ne] kang samya dulu | tan bangkit ngaranana | kang unggul miwah kalindhih | kang supadya bingunge wadya Walônda ||

35. lampahe kèndêl Banaran | tinata ajaring jurit | nèng ara-ara awiyar | aradin têgale rêsik | pinara nêm kang baris | kang sakawan gangsal atus | Radyan Surajênggala | Puspawijaya lan malih | Ragayuda kalawan Sasrarudita ||

36. kang kawan pôntha punika | ingkang mêdal têngah margi | Tumênggung Jayawinata | bêkta sèwu kang prajurit | amêndhêm nèng wanadri | miwah ling-alingan dhusun | dene Sêcawijaya | Sasrawijaya Ngabèi | awor lawan Tumênggung Kudanawarsa ||

37. mêndhêm ling-alingan desa | pangeran angiwa nêbih | jaga anarombol aprang | baris Trayêm kang dèn incih | punggawa kang kinanthi | Suradigdaya Tumênggung | lan Suramangunjaya | angalih atus turanggi | dangu dènnya ajar prang apêpucungan ||

45. PocungTeks asli: Pucung.

1. pan kasaput ing dalu kèndêl ing ngriku | dhusun Kalajuran | enjinge sigra lumaris | urut marga gulang limpat ing ayuda ||

2. rêmbênipun dèn ajar urut dalanggung | lawan malihira | nganti têlik dèrèng prapti | amakuwon kèndêl sapinggiring marga ||

3. prapta dalu Tarayêman têlikipun | katur ing pangeran | tinanggap aturing têlik | èstu lamun Kumpêni enjang anglarag ||

4. lampahipun ing ngarsa para tumênggung | cacahipun gangsal | Wiradigda Rajaniti | Kartadipa Natayuda Wiraguna ||

5. wurinipun Mayor [Ma...]

--- 24 ---

[...yor] Por usare satus | nulya wong Makasar | Sêmbawa myang Bugis Bali | prajurite dharat amung kalih bêlah ||

6. kang sumambung Sakèbêr dragundêr satus | pan amung punika | Kumpêni miwah bupati | taksih kathah tinilar anèng ing wuntat ||

7. tan cinatur ing dalu enjing winuwus | budhal wus tinata | ing gêlar sami angèsthi | wong Kumpêni pukul nêm dènira budhal ||

8. lampahipun saonjotan prapta sampun | dhusun ing Babadan | kapêthuk bala Matawis | langkung kagyat Kumpêni kèndêl atata ||

9. sigra nambung wong Jawa tangara sampun | gong bèri wurahan | bêndhene ngungkung tinitir | anarajang Ngabèi Surajênggala ||

10. nulya campuh dèn êdrèl sigra lumayu | nuli Ragayuda | mangsah ingêdrèl ngoncati | sigra mangsah Ngabèi Pusparudita ||

11. campuhipun sadrèlan sigra lumayu | nanging tan lumajar | anggubêd anganan ngering | sigra mangsah Tumênggung Jayawinata ||

12. kumarutug ingêdrèl lajêng malêdug | kang para bupatya | yèn pisah lawan Kumpêni | kinaroyog ingulêng uyêl-uyêlan ||

13. dadya bingung Kumpênine mingak-minguk | wau kawarnaa | Pangeran Mangkunagari | sabalane lajêng manjing barisira ||

14. laju nêmpuh Suramangunjaya ngamuk | lan Suradigdaya | gègèr tan ana wruh mati | apuyêngan Kumpêni nambur umangsah ||

15. mangsahipun anèng pinggir pagêr dhusun | mariyêm [ma...]

--- 25 ---

[...riyêm] tinata | kasusu nora pakolih | gya rumagang Kumpêni ingkang adharat ||

16. barêng nêmpuh saking kidul wetan campuh | Kumpêni atatag | pangêdrèle wanti-wanti | sami giwar angalang saking têbihan ||

17. ya ta wau Sakèbêr kalane ngrungu | sanjata ing wuntat | arame pokokan pasthi | tinarombol Mayor Por sinung pariksa ||

18. sami mundur palotonan lampahipun | wusnya ragi têbah | muntap mungsuhnya kaèksi | kadi mêndhung pangumpule punang mêngsah ||

19. kang kadulu kêkapalan kawan èwu | kadya pagêr jarak | pandhêndhênge kang turanggi | wong Kumpêni samya manjing pamondhokan ||

20. mriyêmipun sinulêd sampun pakantuk | mêngsah kêkapalan | ura nuli kumpul malih | sami ngèrèk lampahe ngidul angetan ||

21. alon muwus Mayor Por mring rowangipun | ingkang songsong jênar | baya ika Mangkubumi | iya kapan praptane anèng Mataram ||

22. gya sumambung nindya mantri wuwusipun | tuwan jangan slempang | itu bukan Mangkubumi | sêbab gêlarênya prang bêgitu rupa ||

23. bêlun tamtu tapi saya kira itu | Pangran Prangwadana | kèndêl sang mayor kêkalih | duk puniku ing wanci satêngah rolas ||

24. praptanipun ngajêngkên pukul sapuluh | wong Mataram bubar | pangajêng dipun wuwuhi | baris Lengkong Ngabèi Surajênggala ||

25. bantunipun Puspawijaya jêjuluk | myang Sêcawijaya | pambajênge [pambajêng...]

--- 26 ---

[...e] ingkang siwi | Dyan Tumênggung Jayawinata Mataram ||

26. praptanipun Ngayogya wus wanci dalu | kalanipun aprang | mung sakêdhap nuli bali | datan ana kang tatu miwah palastra ||

27. enjingipun kasukan angadu sawung | wuwuh arjanira | sajroning nagri Matawis | saanane Pangeran Mangkunagara ||

36. Sultan Dhandhun Martèngsari nyaru wuwus dipun tandangi wadyabala Sukawati, lajêng têluk dhatêng Surakarta.

28. èlèr-èlur wong mênyang Pajang Matarum | gantya kawarnaa | Sultan Dhandhun Martèngsari | kang abaris wontên sa-Kilènpêraga ||

29. morotipun Wiramanggala rumuhun | langkung dukanira | mangke wong Kilènparagi | sami ewah tangkêpe dènnya suwita ||

30. sigra wau Kartasari kang ingutus | marang ing Mataram | lan Jayawinata panggih | kinèn mundhut sapalih bumi Mataram ||

31. aturipun Jayawinata anuwun | pan ajrih kawula | sampun ta mênggah sapalih | nadyan sajung sakothak ajrih ngaturna ||

32. kula sampun kajambak kêkuncung ulun | kula wong suwita | mring Pangeran Mangkubumi | pinasrahan anarubna wong Mataram ||

33. yèn wus tarub wong Mataram kinèn ngadu | amêngsah Walônda | wontên Tarayêm samangkin | dika matur yèn makatên atur kula ||

34. amit mantuk [ma...]

--- 27 ---

[...ntuk] Kartasari lampahipun | prapta Kilènpraga | wus panggih kalawan gusti | sampun katur saature Jawinata ||

35. dahat ngungun sakalangkung bêndunipun | matur Purbaningrat | paduka punika têbih | inggih sampun andhatêngakên dêduka ||

36. jêng pukulun yèn mundhut sabin Matarum | saking katêbihan | sawêg dinamêl ngajurit | anglampahi timbalan raka paduka ||

37. inggih luhung têdhak nyêlaka Matarum | lan rayi paduka | katimbalana anunggil | angêriga sadaya tiyang Sêmbuyan ||

38. sami rêmbug sigra budhal lampahipun | saking Pakêboan | Sela Bêntar sampun prapti | masranggahan ing dalu apirêmbagan ||

39. aturipun punggawa nuntên pukulun | jêng rayi paduka | ingutusan dèn timbali | sigra nuduh duta kang maring Sêmbuyan ||

40. duk puniku sampun budhal Sultan Dhandhun | saking Sela Bêntar | anjog ing tanah ing Gadhing | kang lèr wetan masanggrahan nèng Mamênang ||

41. Sultan Dhandhun kumalungkung ambêk agung | digung adiguna | kumênthus lawan kumaki | nora nganggo anolèh sariranira ||

42. pêksa darung paring sêrat asung pemut | marang ingkang putra | Pangeran Mangkunagari | kang ingutus Kandhuruan Wirasraya ||

43. têmbungipun kang pustaka ingkang dhawuh | yèn bumi Mataram | sadaya pinundhut nuli | sarta mundhut têluke Jayawinata ||

44. sêrat sampun tinampèn sinukmèng kalbu | mèsêm gigit waja | Pangeran [Pangera...]

--- 28 ---

[...n] Mangkunagari | angandika alon marang Kandhuruan ||

45. dutanipun Kangjêng Paman Sultan Dhandhun | sira umatura | ingsun ora amangsuli | sira bae matura mring kangjêng paman ||

46. têka mundhut iya ing patêlukipun | paman Jawinata | wus ana kang dèn têluki | iya iku jêng rama ing Sukawatya ||

47. yêkti dudu wong Bugis Bali Bangkulu | padha trah Mataram | dumèh bibi gendhong sênik | sapa wêruh jêr iku sutaning raja ||

48. nadyan ibu iya Nyai Rara Kidul | yèn ora wani prang | sapa kang ngandêl tut wuri | Jawinata wong lagi kinon magut prang ||

49. têtêp iku wong nguthuh akarya rusuh | ngrusuhi kang raka | sabênêr-bênêring pikir | ing Tarayêm patut iku dèn galiha ||

50. yèn arêbut panjênêngan yêkti besuk | yèn mungsuh wus sirna | anêdya jumênêng aji | singa-singa kang pinilih ing Hyang Suksma ||

51. sampun saru nêmpuh patrap arubiru | mêngsah taksih kathah | akarya pakewuh wuri | Kandhuruan sigra mundur amit nêmbah ||

52. kang winuwus wau ta ing praptanipun | Pangran Singasêkar | ngêrig wong Sêmbuyan wukir | dharat kawan atus kapal kalih bêlah ||

53. ingkang kantun maksih anggili anusul | Pangran Singasêkar | ingenggalkên wanti-wanti | milanipun prapta lancaran kewala ||

54. balanipun kathah ingkang samya nusul | wus panggih kang raka | ingkang rayi angabêkti | angandika Sultan Dhandhun Martèngsêkar ||

55. pira iku

--- 29 ---

kang prapta yayi balamu | kang rayi turira | ing wingking maksih anggili | ingkang sarêng kula namung kanêm bêlah ||

56. kunêng wau Kandhuruan praptanipun | wus katur sadaya | solah tingkahe tinuding | yèn kang putra botên amangsuli sêrat ||

57. aturipun tan nêmbadani pukulun | ing karsa paduka | amundhut bumi Matawis | lawan mundhut têluke Jayawinata ||

58. kang puniku putra tuwan ajrih matur | lamun dèrèng têrang | tuwin dèrèng dèn lilani | dhatêng raka paduka ing Sukawatya ||

59. têlasipun Kandhuruan gènnya matur | sigra praptanira | caraka saking Matawis | Pangran Mangkunagara nusuli sêrat ||

60. wêlingipun pangran marang kang ingutus | kinèn maspadakna | rowa ringkêse ing baris | sapa ingkang tinari barang prakara ||

61. duta laju marêk dhatêng ngarsanipun | Jêng Sultan Sêmbuyan | ngaturakên ponang tulis | wus tinampèn binuka sinuksmèng driya ||

62. wuryanipun pustakatur sêmbah ulun | kanthi atur bakal | rasukan baludru wilis | lan sanjata karbin alus sakêmbaran ||

63. malihipun kula paman ngaturi wruh | kalamun kawula | miwah Jawinata mangkin | dhinawuhan raka paduka jêng rama ||

64. dhawuhipun pamanamu karo iku | turutên kewala | kalamun anêdya bêcik | aja nganti karya rusuh rêbut bawah ||

65. sapa iku karya wiwit nora arus | arêbut cakotan | mungsuhe maksih sumandhing | yêkti dudu

--- 30 ---

iya labêting prawira ||

66. nora arus daya pêpadhane wêdhus | pan dudu manusa | dadi pambêkaning bêlis | ngong arêbut prakara sajroning aprang ||

67. milanipun kawula sangêt umatur | paman kalih pisan | kondura Sêmbuyan malih | amuktia mêngku sabin tigang dhomas ||

68. inggih lamun paman ngarsakkên prang pupuh | Tarayêm Walônda | punika mêngsah sayêkti | lamun karsa kawula ngiring kewala ||

69. inggih sampun katuwuhan galih rusuh | rusuh angrêrisak | dhatêng têtiyang Mantawis | têmahipun datan ngajèni sarira ||

70. langkung bêndu sultan nuduh caraka wus | bêkta srat wangsulan | Arya Bangkong kang tinuding | sampun prapta caraka nagri Ngayogya ||

71. surat katur winaos sinuksmèng kalbu | misih adêduka | Sultan Dhandhun Martèngsari | adrêng mundhut têluke Jayawinata ||

72. lan amundhut wuwuhing patêlukipun | pun Kudanawarsa | Pangeran Mangkunagari | langkung kagèt angadêg suraning driya ||

73. ngandika sru pangeran mring dutanipun | hèh duta muliha | ingsun ora amangsuli | mung bêktiku katur paman karo pisan ||

74. prakaraku nora anguwisi ingsun | ingsun wong ngawula | sayêkti ajrih ngaturi | pamundhute iya rama Buminata ||

75. duta mundur pangeran utusan sampun | angaturi sêrat | mring kang rama Sukawati | nuwun lilah angayoni ingkang paman ||

76. kang ingutus praptane wus tômpa dhawuh | yèn sampun [sampu...]

--- 31 ---

[...n] kalilan | ingkang paman dèn ayoni | mrih kapoke nanging aja tinêmênan ||

77. inggih sampun kalajêng ing risakipun | maria kewala | wêruha bênêr sathithik | aja kongsi balasak anasak-nasak ||

78. dimèn emut wêwatêkan ingkang limput | apêsing ayuda | satriya tan wêruh bêcik | utamane satriya gambuhing aprang ||

46. Gambuh

1. pangran nimbali gupuh | maring kang rayi kêkalihipun | lawan malih kang uwa Pangran Suryadi | wusnya prapta nulya kumpul | pangeran dhawuh mirantos ||

2. mring Bupati Mantarum | lamun arsa umagut ing pupuh | gusah ingkang paman Dhandhun Martèngsari | Jayawinata agu |Kurang satu suku kata: Jayawinata agupuh. nimballirnimbali. kang baris Lengkong ||

3. Puspajaya puniku | lawan Sêcapuh Jaya kalihipun |Lebih satu suku kata: lawan Sêcajaya kalihipun. amung Surajênggala kang kinèn kari | lan Sasrarudita tunggu | nindhihi baris agolong ||

4. pangran budhalan sampun | saking Ngayogya lampahe ngidul | pangarsane Puspawijaya Ngabèi | Cawijaya kanthinipun | ing wurine nora adoh ||

5. pangran tiga sumambung | ginarêbêg wadyakuswa sêlur | wurinira malih ingkang anambungi | Jayawinata Tumênggung | sawadyanira gumolong ||

6. têtindhihe wadyagung | Pangran Mangkunagara nèng pungkur | pan kadalon lampahe kèndêl nèng margi | Pamêdêlan dhusun agung | kang baris sami makuwon ||

7. wuwusên Sultan Dhandhun | sampun miyarsa badhe ginêpuk | angundhangi sagung kang para prajurit | winatawis wontên [wontê...]

--- 32 ---

[...n] sèwu | adharat magut ing pupoh ||

8. lamun prang kuda iku | kari akèh jêjarananipun | wong Mataram turanggane bêcik-bêcik | cilik-cilik jaran gunung | amungsuh turôngga ewon ||

9. nêdya ngantêp prangipun | wong arsa salah pratikêlipun | wanining prang têka nora nganggo pikir | dene pêrang padha batur | dadak anêdya rêrêmpon ||

10. kang jamak duwe maklum | rêbut prakara salah ing laku | têka kudu anutugakên rêruntik | tan wruh kaluputanipun | prakara nora dèn ilo ||

11. katon kaliwat saru | môngka lamun wani aprang pupuh | lan Kumpêni yêkti akèh kang tut wuri | mangkana parentahipun | marang sira Arya Bangkong ||

12. undhangana rowangmu | sapa wonge kang akarya lampus | Jawinata sun gêntèkkên nèng Matawis | yèn mantri ingkang linampus | dadi mantri janjiningong ||

13. sigra têngara gupuh | bêndhe tinitir-titir angungkung | laju budhal Sultan Dhandhun Martèngsari | mapan nèng têgal kang patut | jêmbar papaning palugon ||

14. wus rakit balanipun | êmprit anêba gêlaring pupuh | ya ta wau prapta gêgaman Matawis | Puspawijaya panganjur | punang mungsuh jirap katon ||

15. Puspajaya duk dulu | datan bangkit ngampah ingkang kalbu | nora nganti parentaha nunjang aglis | mangsah kuda tigang atus | campuh acaruk prang popor ||

16. Sêcawijaya nusul | kukuk angsahe kuda tri atus | gulagêpan wong

--- 33 ---

dharat kèlês turanggi | numbak ingoncatan luput | tinumbak kêni sayêktos ||

17. Sultan Dhandhun andulu | lamun balane repot kèh lampus | nitih kuda ngamuk watange pinêthik | Puspajaya giwar asru | mingêr anggubêd ngalih gon ||

18. dadya wonge kèh lampus | pangerane kalih rampak ngamuk | Pangran Pamot Mangkudiningrat nadhahi | ingamuk gumujêng guguk | payo wong iki salah ton ||

19. giwar alon gumuyu | Kudanawarsa nadhahi pamuk | tinahanan sakêdhap anuli lali | Kudanawarsa tinêmpuh | tan gumingsir taksih tanggon ||

20. angrukêt Sultan Dhandhun | Kudanawarsa alon amuwus | kasurupan bêlis ya wong agung iki | dudu wanine satuhu | sajêge durung mangkono ||

21. dahat pangungunipun | Sultan Dhandhun amangsuli dhawuh | hèh Kudanawarsa payo gosok godhi | tadhahana tumbak ingsun | barêng mati lawan ingong ||

22. Kudanawarsa dulu | lamun sawontên pangamukipun | ingoncatan angrasa lamun wong cilik | wus gusis sabalanipun | loking wong mundur kataton ||

23. surak wong Gunungkidul | agêng tyasira sami angumpul | singa-singa kang pisah pasthi ngêmasi | kang mati wus têlung puluh | gone lan gustine adoh ||

24. kang kari samya ngumpul | datan bênggang pipit adu sikut | saparane kang tinêmpuh giwar gusis | lot-lotan lawe puniku | kadi wong

--- 34 ---

prang agêguyon ||

25. wau ta duk kadulu | saking wuri dahat dukanipun | Jêng Pangeran Ariya Mangkunagari | ngandika mring Dyan Tumênggung | Jayawinata kang kinon ||

26. lah paman dipun gupuh | mantri jêro cacah patang puluh | atilara mriyêm mindhak angrandhati | kang kinon anyandêr mamprung | pra mantri mangsah atanggon ||

27. campuh mantri jro kukuh | tan kêna kongkih dèn ungkih bakuh | pan katulak ing pamuk dipun gagahi | prange mantri patang puluh | nora keguh nora megos ||

28. Jayakintaka mistul | mring Pangeran Arya Singasantun | kêni èpèk-èpèk butul ingkang keri | akipat rahnya sumêmbur | kang antuk mistul gya alok ||

29. têtulung Sultan Dhandhun | para mantri mapagakên gupuh | jajanipun Sultan Dhandhun dèn larihi | tan pasah nanging sumaput | dèn ayati mèh pinindho ||

30. kêkês giwar lumayu | dhasar kang rayi wus nandang tatu | butul èpèk-èpèking asta kang kering | adrês kang êrah sumêmbur | lumayu tan mantêp bolos ||

31. abdine kinarubut | kadi rancapan tumpês barubuh | pitung puluh kapupu madyèng ngajurit | ingkang mati binabujung | ting talècèk sagon-ênggon ||

32. mantri kacandhak pitu | kang sajuga Pugêr mantunipun | ajêjuluk Radèn Rôngga Martasari | ginêsangan sadaya wus | kèndêl dènnya bujung mungsoh ||

33. ing lêlakon sabêdhug | taksih akathah saurutipun |

--- 35 ---

wong Sêmbuyan tumpês prang Mamênang nênggih | wong desa akèh kang mênthung | samya amelik panganggo ||

34. wong aprang nora urus | lêkas wani aprang tanpa tangguh | wani bingung Sultan Dhandhun Martèngsari | galihe kaya ngrêmpêlu | wong Mataram amakuwon ||

35. enjinge nulya ngutus | mantri Mataram kalih lumaku | bêkta sêrat katur maring Sukawati | tutur. uninga ing prangipun | Sultan Dhandhun sampun kasor ||

36. lan bêkta kuping satus | môngka tôndha tan winarnèng ngênu | mantri duta sapraptaning Sukawati | ing jêng pangeran wus katur | caraka ngandikan karo ||

37. sêrat tinampèn sampun | laju binuka sinuksmèng kalbu | mèsêm suka Jêng Pangeran Sukawati | punang caraka dinangu | pratingkahirèng palugon ||

38. katur sadayanipun | ing purwa madya wasananipun | jêng pangeran animbali pra bupati | Dipati Pugêr tan kantun | sami sinungan pawartos ||

39. pangeran ngandikarum | sarwi maringakên suratipun | kakang Pugêr mantu dika Martasari | ing mêngko kênèng pinikut | mring Pangeran Arya Pamot ||

40. yêkti sakarsaningsun | yèn ingsun pundhut anuli katur | mung sêsolo si kulup Mangkunagari | kang wadon durung katêmu | lagi kinon angupados ||

41. iya panggonanipun | awor rabine adhi mas Dhandhun | Martèngjagad padha ngili maring wukir | Si Mangkunagara ngutus | mring wadya kinèn anyolong ||

--- 36 ---

42. Dipati Pugêr muwus | wong kudu jarag anêmu ewuh | wong ngawula ing Pangeran Martèngsari | môngsa bêcika tinêmu | ambantoni wong binoyong ||

43. pangeran siji iku | pêpatute mung kinarya buruh | amêloto dhasar mathakil bakicik | ujare nora tinêmu | asênggrang aruwêt lonyot ||

44. suka kang sami ngrungu | Dipati Pugêr pamoyokipun | duta kinèn makuwon wuwusên enjing | pinaringan reyal sèwu | lan sêrat ingkang suraos ||

45. sun asung reyal sèwu | ganjaranira bêcik prangipun | maring Jayawinata satus sun piji | myang Kudanawarsa satus | luwihe dèn dum saraos ||

46. maring ing liyanipun | sun srahake maring sira kulup | warakane sagunge para prajurit | mung môngka tôndha sih ingsun | punang caraka wotsinom ||

47. Sinom

1. mantri caraka gya budhal | saking tanah Sukawati | ing marga datan kawarna | prapta ing nagri Matawis | pangeran duk siniwi | para mantri ngabên sawung | myang kang para bupatya | Jayawinata nèng ngarsi | sinambungan Tumênggung Kudanawarsa ||

2. Tumênggung Suradigdaya | Suramangunjaya malih | Tumênggung Palangnagara | Malangdrigama Ngabèi | kagyat caraka prapti | mundhi nawala sul-angsul | pangeran sigra têdhak | miwah sagung pra dipati | samya ngadêg dènira nampèni sêrat ||

3. wusnya winaos gya lênggah | Pangran Mangkunagara ngling | marang sagung pra

--- 37 ---

bupatya | miwah sakèhing pra mantri | hèh sagung para mantri | miwah kang para tumênggung | kaliwat tinarima | pakaryanira ngajurit | mungsuh paman Buminata Singasêkar ||

4. kangjêng kyai sung pratôndha | katrêsnan reyal sakampil | kinèn ngêdum kang warata | marang sagunging prajurit | dene ingkang kapiji | pinaringan reyal satus | paman Jayawinata | Kudanawarsa sirèki | sakarine kinèn ambage warata ||

5. kampilan nulya binuka | kêtone anyar aputih | pangeran mèsêm ngandika | duk bêdhah Juwana kyai | olèhe kêton iki | Juwana kèh isinipun | wus dèn êdum warata | maring sagung pra prajurit | sigra lajêng kasukan angabên sata ||

6. mangsuli kang winursita | sutane Pugêr Dipati | Martasari rabinira | dèn pandungi sampun kêni | binêkta mring Matawis | panggih lawan lakinipun | Pangran Mangkunagara | Jawinata samya paring | mring dyan ayu arta kalawan busana ||

7. antara ing pitung dina | Kudanawarsa tinuding | mring Sukawati ambêkta | Radèn Ayu Martasari | miwah lakinirèki | ingkang kaping kalihipun | pangran nuwun kang garwa | binêkta dhatêng Matawis | lampahira Tumênggung Kudanawarsa ||

8. praptane ing Sukawatya | laju umarêg ing gusti | matur sawawêlingira | Pangeran Mangkunagari | Jêng Gusti Sukawati | tanya duk umagut pupuh | Danawarsa tur sêmbah | katur solahing ajurit | langkung suka pangeran [pange...]

--- 38 ---

[...ran] ing Sukawatya ||

9. Kudanawarsa ginanjar | rasukan baludru tulis | sarwi lon andikanira | Jêng Pangeran Sukawati | hèh sira ingsun tari | iki mariyêm tatêlu | nèng kene tanpa karya | mungguh sira becik êndi | ana kene karo ana ing Ngayogya ||

10. tur sêmbah Kudanawarsa | pênêt wonten ing Matawis | prayogi ingkang panggenan | tuwin kangge damel Gusti | Pangeran Sukawati | karênan mangsuli dhawuh | iya Kudanawarsa | bênêr pikirira yêkti | yèn mangkono gawanên barêng lan sira ||

11. Danawarsa tur sandika | Jêng Pangeran Sukawati | dhadhuhdhawuh. maring wadyabala | angrukti ingkang piranti | bupati kang tinuding | angatêr ing lampahipun | Tumênggung Sindusastra | Tumênggung Suryanagari | para dêmang Sukawati mantri ngarsa ||

12. kang kinon angêmbanana | Jayadirana Ngabèi | nguni Bupati Juwana | saanak rayate sami | dyan ayu dèn dhawuhi | wusnya samêkta sadarum | gunggunge wadyabala | ingkang wahana turanggi | gangsal atus pitung atuspuluh. kang adharat ||

13. budhal saking Sukawatya | angidul dhatêng Matawis | ing marga tan winursita | sapraptanira ing Taji | wontên pêthukan malih | Suradigdaya Tumênggung | lan Suramangunjaya | bêkta wadya sawatawiwsawatawis. | kalih atus samya wahana turôngga ||

14. sapraptanira Ngayogya | Pangeran Mangkunagari | amêthuk jawining kitha | prajurit ngurmati baris | drèl sanjata kaping tri | sinauran [sinaura...]

--- 39 ---

[...n] maryêm agung | praptaning pasanggrahan | swamining para bupati | sami sowan atur-atur kang sasêgah ||

15. ana tur sinjang sumêkan | kathah warnaning kang bêkti | Tumênggung Suryanagara | sakancane dèn saosi | pakuwon sêgah mintir | dalu ingandikan nayub | samya dhatêngkên suka | wong Mataram cingak sami | anon solahbawane wong Sukawatya ||

16. tuhu samya wasis bêksa | angungkuli wong Matawis | sêmbada bagus ing warna | katon limpad barang kardi | sura panggah ing jurit | dhokoh saguh nora keguh | sagunge wong Mataram | tuwa anom jalu èstri | tansah ngungun mulat wong ing Sukawatya ||

17. Tumênggung Suryanagara | mring pangeran matur aris | bandara anuwun warta | rama paduka kekalih | ing mangke wontên pundi | pangeran mangsuli muwus | taksih wontên Sêmbuyan | rêdi Ngadêg gone ngungsi | wiwit kala kasêsêr prang ing Mamênang ||

18. paman sultan bêlis lanat | lawan paman Singasari | laju bèncèng ingkang karsa | ngungun Dyan Suryanagari | sawusnya gangsal ratri | rêrêming para tumênggung | anèng nagri Ngayogya | wonten duta Sukawati | paring warta mring Pangran Mangkunagara ||

19. lamun sultan ing Sêmbuyan | Dhandhun Martèngsari mangkin | utusan mring Surakarta | nungkul sagah mangun jurit | mêngsah Mangkunagari | marmane kinèn anukup | Pangran Mangkunagara | miwah ingkang rayi kalih | akanthia Tumênggung Suryanagara ||

20. mung Tumênggung

--- 40 ---

Sindusastra | ingkang tinimbalan mulih | lan sapalih para demang | mantuk maring Sukawati | ingkang tumut sapalih | mangkana sêsampunipun | tampi ingkang timbalan | Pangeran Mangkunagari | lan Suwandi budhal saking ing Ngayogya ||

21. prajurit Mangkunagaran | sèwu wahana turanggi | prajurit ing Kapamotan | tigang atus kang lumaris | tri atus kang turanggi | Mangkuningrat tan winuwus | gangsal atus turôngga | gangsal atus kang lumaris | prajurite Tumênggung Suryanagara ||

22. kêkapalan miwah dharat | mung nigang atus tan luwih | nèng Pambrêkan tur uninga | marang Sultan Martèngsari | yèn karsa nungkul aris | sae kadadosanipun | kalamun datan arsa | badhe ginêcak tumuli | dèn atanggon ing aprang atarung dhadha ||

23. tigang ratri duta prapta | matur tan arsa badhami | Sultan Dhandhun Martèngsêkar | Pangeran Mangkunagari | ing sêmu wus udani | lamun sultan èstu têluk | mring nagri Surakarta | sigra dhawuh malih baris | Pangran Pamot lan Pangran Mangkunagara ||

24. anjujur wetan kewala | Tumênggung Suryanagari | Pangeran Mangkudiningrat | kinèn angalèra sami | Masaran kang dèn jogi | mangetan minggah mangidul | sampun amisah lampah | sigêgên ingkang lumaris | gantya ingkang cinatur sang mantri muka ||

25. Pringgalaya sawusira | tampi srat têlukirèki | Sultan Dhandhun Martèngsêkar | sigra dènnya mundhut mêthil | kekalih kang bupati | numbakanyar lawan sèwu | kang

--- 41 ---

baris Têrayêman | prapta Surakarta nagri | badhe kinèn mêthuk Sultan ing Sêmbuyan ||

26. tuwan oprup duk samana | wus tampi timbalan aji | mêthuk Pangran Buminata | oprup maksih sônggarunggi | minta sarèh rumiyin | cinatur malih kang nglurug | marang tanah Sêmbuyan | Tumênggung Suryanagari | ingkang wantêr dhokoh dhikihing ayuda ||

27. nora bangkit anyarèhna | ing karsa pêksa dhingini | ngajap agea tandhing prang | lawan Sultan Martèngsari | sawadya andhingini | Manyaran minggah mangidul | gancangan lampahira | aja nganti prapta kari | purun gosok godhi lan Sultan Sêmbuyan ||

28. Pangeran Mangkudiningrat | bêktani mantri kêkalih | andhingini tuduh marga | mangkana kang anèng wukir | Sultan Amartèngsari | sampun ingaturan wêruh | yèn mêngsah lèr punika | ingkang sêdya gosok godhi | nama Radèn Tumênggung Suryanagara ||

29. sampun minggah ing Manyaran | prajurite winitawis | tigang atus kêkapalan | sultan kalane miyarsi | lamun Suryanagari | mèh prapta anêdya campuh | gugup ngundhangi bala | Sultan Dhandhun angoncati | budhal ngetan sabalane salang tunjang ||

30. Pangeran Mangkudiningrat | anggêlak lampahing baris | Tumênggung Suryanagara | ing Patêmon sampun prapti | Sultan Dhandhun wus sêpi | wadyane tan wontên kantun | bala Suryanagaran | gya sinêbar ngubrês ardi | nanging cuwa suwung tan manggih manusa ||

--- 42 ---

31. Pangeran Mangkunagara | kalawan Suryanagari | utusan atur uninga | mring Pangeran Sukawati | Sultan Dhandhun ngoncati | mangkana ingkang winuwus | kang wontên Pasumbêran | Jêng Pangeran Sukawati | badhe jêngkar sing pakuwon guladrawa ||

37. Pangeran Mangkubumi tindak dhatêng Ngayogya, lajêng kadhatêngan kengkenanipun Kumpêni saking Samarang.

48. Dhandhanggula

1. karsa têdhak dhatêng ing Matawis | wadyakuswa sampun ingundhangan | kasaru wau praptane | ingkang rayi anusul | Jêng Pangeran Panular nitih | kuda tundhan kewala | kang dhèrèk mung pitu | suwitane tinarima | pinaringan busana lawan turanggi | gya budhal mring Mataram ||

2. wontên kalih èwu kang turanggi | Adipati Pugêr kang rumêksa | Sukawati wêwêngkone | kanthi catur tumênggung | liyanipun para bupati | mantri ngabèi dêmang | andhèrèk sadarum | balabar ngèbêki marga | Kangjêng Gusti Adipati Sukawati | praptane ing Masaran ||

3. gya utusan mring Sêmbuyan wukir | dhawuh Pangran Amangkunagara | lamun arsa têdhak mangke | dhatêng nagri Matarum | pangran sawusira nampèni | duta laju budhalan | andhingini laku | anjujur ngilèn kewala | Pangran Mangkudiningrat Suryanagari | kinèn seba Masaran ||

4. tata sesugun saurut margi |

--- 43 ---

Mangkudiningrat Suryanagara | wusnya sangkêp pangruktine | sowan ing ngarsa tundhuk | ngaras pada dinangu sami | satingkahing ayuda | sami aturipun | duk aprang anèng Mamênang | wus ginalur purwa madya amêkasi | suka kangjêng pangeran ||

5. nèng Masaran rêrêm kalih ratri | nulya budhal dhatêng ing Mataram | gumuruh wadyabalane | wau ta lampahipun | Pangran Arya Mangkunagari | jujur wukir kewala | Magiri jogipun | sapraptanira Ngayogya | Dyan Tumênggung Jawinata dèn dhawuhi | yèn kang rama mèh prapta ||

6. abusêkan sagung wong Matawis | Jawinata kinèn amapaga | saênggone kapêthuke | budhal sawadyanipun | baris Lengkong sami kinêrig | suta myang pêpulunan | binêkta amêthuk | sèwu nêmatus turôngga | wus kapêthuk Jêng Pangeran Sukawati | anèng ing Parambanan ||

7. gurawalan dènira ngabêkti | sarwi karuna Jayawinata | dalah suta pulunane | nangis pating salênggruk | langkung trustha duk aningali | Jêng Pangran Sukawatya | maring wong Matarum | santanane Jawinata | tuhu katon êbèrbudi kaduk wani | sêmbada warnanira ||

8. lajêng dinangu winiji-wiji | suta lawan pêpulunanira | nak-sanak lan misanane | andikanira arum | jêng pangeran ing Sukawati | maring Jayawinata | besan kramanipun | hèh Jayawinata sira | ingsun ajak sapati urip lan mami | anêbus tanah Jawa ||

9. Jayawinata umatur [u...]

--- 44 ---

[...matur] nangis | adhuh gusti pun Jayawinata | kang dadosa têtawure | saanak putu ulun | anglabuhi bêbantu jurit | pangran suka miyarsa | antêping tumênggung | saksana ngaturan budhal | Dyan Tumênggung Suryanagara kang dhingin | lawan Mangkudiningrat ||

10. sapraptane sawetaning nagri | ingurmatan prajurit kapalan | myang dharat dhêndhêng barise | ngêngurung pinggir dlanggung | Pangran Arya Mangkunagari | ingkang nindhihi wadya | carabalèn umyung | kodhokngorèk munya ngangkang | angêrangin pradôngga kang urut margi | drèl maryêm myang sanjata ||

11. asauran gêtêr-magêtêri | katon untaping wadya Mataram | asri tinon busanane | pangeran wus atundhuk | ngaras pada sarwi ngaturi | kang raka umanjinga | myang sawadyanipun | jro baluwarti Ngayogya | Pangran Mangkunagara makuwon jawi | lèr ngalun-alun mernah ||

12. rawuh lajêng lênggah ing pandhapi | pra bupati ngandikan sadaya | ingajak sarêng dhahare | suka bujana nginum | jêng pangeran ing Sukawati | jroning tyas analôngsa | nênggak waspanipun | saking dahat tan anyana | lamun antuk rahmating Hyang Kang Linuwih | ngrêda balane lêksan ||

13. wus bubaran amakuwon sami | cinarita ing sarawuhira | pangran nèng Mataram mangke | wadyane wêwah agung | punggawane apêkik-pêkik | sangkêp sarwa sêmbada | tan kuciwèng sêmu | pangran wus kadya narendra | nanging dèrèng anêdya jumênêng [jumê...]

--- 45 ---

[...nêng] aji | sanadyan wus samêkta ||

14. kang kaèsthi ing siyang lan ratri | amung kaprawiraning ayuda | kang munjuli sêsamane | kathahing wadyanipun | duk punika sampun nyamèni | lan kang raka sang nata | myang punggawanipun | warata asugih bala | busanendah prabot kapraboning jurit | abra maneka warna ||

15. nuju ing ari Rêspati Manis | jêng pangeran miyos sinewaka | ing wadya punggawa andhèr | pra agung munggèng ngayun | jêng pangeran ngandika aris | kulup ing mêngko sira | sun paringi juluk | Dipati Mangkunagara | senapati paprangan panata baris | lêlanadikarèng rat ||

16. Jayawinata ingsun paringi | nama Adipati Jayaningrat | suta lawan pulunane | katêlu ingsun pundhut | ingsun junjung pangkat bupati | pulunan Puspajaya | sun paringi juluk | Tumênggung Sujanapura | sutanira Sêcawijaya Ngabèi | lan Si Ônggawijaya ||

17. Sêcawijaya sun paringi nami |Lebih satu suku kata: Sêcawijaya sun paring nami. Radyan Tumênggung Jayanagara | anadene ta adhine | Hônggawijaya iku | ingsun ganjar nama ing mangkin | Tumênggung Jawinata | kaya ramanipun | dene lelungguhe padha | sèwu limang atus bupati sawiji | sawah Mataram jaba ||

18. lawan ingsun mundhut sawah malih | urut Baligo ing pinggir marga | amung kang rongèwu bae | ingsun paringkên iku | maring adhi Suryanagari | lan sakarênaningwang | sun paringi juluk | Dipati [Dipa...]

--- 46 ---

[...ti] Suryanagara | lêlungguhe rongèwu sawah Matawis | dene lungguhe lama ||

19. sèwu limang atus ingkang sabin | sun paringkên adhi mas Panular | lan ingsun êlih namane | ingsun paringi juluk | Pangran Mangkukusuma mangkin | lan Si Samadipura | arane sun pundhut | ingsun êlih kaarana | Dyan Tumênggung Wiradigda lawan malih | ya Si Sutadipura ||

20. namanira mêngko ingsun êlih | aran Dyan Tumênggung Môndaraka | bupati ing katêlune | dadia kanthinipun | anunggala pakaryèng jurit | lan Bupati Mataram | ngarêpêna Kêdhu | dèn golong gêlêng ing rêmbag | punggawa tri kang saking ing Sukawati | ingkang môngka manggala ||

21. adhi Dipati Suryanagari | ngêpunga lan Dipati Janingrat | sabarang ing rèh rêmbuge | lawan malihe kulup | Jayaningrat sutane èstri | sun pundhut adhaupa | antuk putraningsun | Dyan Mas Êntho ing samangkya | ingsun junjung nama Pangeran Dipati | Anom Nagri Mataram ||

22. Pangran Dipati Mangkunagari | undhang-undhang mring kang asumewa | padha angèstokna mangke | mring sagung kang jinunjung | pra bupati asaur pêksi | mangkana wus luwaran | gya pangeran kondur | prapta dalêm pasanggrahan | dhahar sarêng lan sagunge pra bupati | samya dhatêngkên suka ||

23. gantya cinatur nagri pasisir | twan guprenur myang gurnadur jendral | samya miarsamiyarsa. wartane | yèn mêngsah angêndhanu | Pangran Arya Amangkubumi |

--- 47 ---

wus ngancik ing Mataram | wong Jawa sumuyut | ngrêda dadra ngômbra-ômbra | wuwuh imbuh agung lêksan ingkang baris | nging dèrèng madêg nata ||

24. tuwan guprênur utusan malih | kang ingutus Radyan Endranata | lan Sarayuda kanthine | Patih Samarang iku | katigane Pangeran Wijil | Pangran Mangkunagara | duta jujugipun | sangsaya ngungun tumingal | Endranata mulat gunge wong Matawis | tinon kadya samodra ||

25. prapta pukul sanga ingkang wanci | pinaringkên mring Kudanawarsa | dèn prênah ing pakuwone | salèring alun-alun | Danawarsa duk amanggihi | sinjange parangrusak | songkok bludru wungu | apaningsêt cindhe kêmbang | kadi Bambang Swatama amagut jurit | apracôndha dahana ||

26. wadyanira satus kang sumiwi | palawungane Kudanawarsa | wontên rongatus karbine | bainèt wontên satus | bêstrongipun sawidak kalih | waos cêmêng lan benang | wontên tigang atus | bung ampel lan tumpêr ingas | lan talêmpak cêmêng ingkang ginarindim | kancana kawan dasa ||

27. Danawarsa duk praptaning tami | angidhuni sakidul pandhapa | angrapèpèh pamêthuktepamêthuke. | Aryendranata dulu | micarèng tyas patut wong iki | kaya Bambang Swatama | gagah tur abagus | sawusnya tata alênggah | Danawarsa ngabêkti Pangeran Wijil | lajêng mring Endranata ||

28. Aryendranata kagyat ing galih | mung nampèni

--- 48 ---

salaman amêksa | Danawarsa pangujunge | sawusnya sami lungguh | Endranata agung anglirik | mijil sugatèng wedang | panakawan sêlur | naracak pêndhoke êmas | sabuk cindhe kathah ingkang bêbêt kêling | polos myang supiturang ||

29. Kudanawarsa umatur aris | maring Radyan Arya Endranata | paduka punapa supe | dhatêng ing raga ulun | Endranata kagyat ningali | sarwi mangsuli sabda | tuhu datan emut | nauri Kudanawarsa | pan kawula punika abdine lami | wayah paduka pangran ||

30. inggih pun Wiradiwôngsa nguni | Arya Endranata kagyat jôla | marêpêki ngrangkul age | dhuh nyawa putraningsun | tan ngrêmpêlu lan nora ngimpi | sira Wiradiwôngsa | ing panduganingsun | putra santana Madura | lamun ora pranakan ing Surawèsthi | gagah bagus warnanta ||

31. dene têka bisa anglakoni | Wiradiwôngsa nora kayaa | samene kadadeane | Kudanawarsa matur | inggih brêkat paduka ugi | lan malih inggih darma | nglampahi pituduh | kang mratikêlakên lampah | sabarang rèh ri paduka Dyan Dipati | Pugêr gih Martapura ||

32. mangke sampun kalampahan yêkti | samya miturut satuturira | têka samantên dadose | amung paitan purun | lan paitan wani ngêmasi | ngandêl-kumandêl pasrah | mring Hyang Mahaluhur | ing mangke gusti kawula | Jêng Pangeran Adipati Sukawati | ing pramuka [pra...]

--- 49 ---

[...muka] jayèngrat ||

33. sugih wadyabala êmas picis | sami lan kang raka sri narendra | malah inggih watawise | akathah kaotipun | mênggah arta sugih kang rayi | wadya wahana kuda | langkung gangsal èwu | andêle wong jro kewala | kalih èwu kawan atus kang pinilih | kawan atus punika ||

34. ingkang pasthi binêkta ngêmasi | bupatine sampun kalih dasa | nigang atus prajurite | Aryendranata ngungun | yèn mangkono gustimu iki | duwe bala salêksa | Danawarsa matur | sayêkti langkung salêksa | wayah tuwan kewala lamun kinêrig | wus langkung pitung nambang ||

35. wusnya Endranata amangsuli | datan krama mring Kudanawarsa | pan lajêng kinulub bae | Danawarsa Tumênggung | suka anrus ing lair batin | tamu ngaturan siram | pinrênahkên sampun | langgare Kudanawarsa | apan botên sinowanakên tumuli | angantos tigang dina ||

36. enjing wontên dhawuh angundhangi | kèndêl asar sagunging bupatya | ngandikan saprajurite | ajar prang ngalun-alun | asikêpa kaprabon jurit | lor ngalun-alun wana | tarataban ngriku | ara-arane ajêmbar | lêlongkange papan ingkang dèn pondhoki | kinarya gêgulang prang ||

37. Danawarsa kancanira prapti | para tumênggung Mangkunagaran | samantri myang prajurite | Kudanawarsa matur | kula mugi tuwan alimi | dintên ajar-ajaran | sayêktine prêlu | sapalih [sapa...]

--- 50 ---

[...lih] prajurit kula | kang umiring sapalih jagi ing ngriki | têtindhih pêpulunan ||

38. inggih Jayasimpangan Ngabèi | rumêksaa dhatêng ing paduka | nyaosi barang karsane | wit saking dhawuhipun | kangjêng gusti dintên puniki | gêgulang campuhing prang | dene rekanipun | bêndara kula pangeran | sabalane kanthi Dipati Matawis | dalah wadya santana ||

39. miwah ingkang pra mantri pinilih | gêlêng-gumolong sapabarisan | kang minôngka Kumpênine | dene ta mêngsahipun | pra bupati ing Sukawati | lawan Mataram tiga | senapatinipun | Dipati Suryanagara | banderane sagung bupati nyasupit | tuwin wontên sakawan ||

40. Danawarsa lajêng pangkat baris | Pangran Dipati Mangkunagara | ingkang dadi Sakèbêre | ing baris pondhok kumpul | têtêl atap têtêp apipit | kilèn lun-alun gènnya | tinon kadi mêndhung | Radèn Arya Endranata | sarewange ningali angintip-intip | ngungun myat kèhing janma ||

41. apan sami sinaosan kursi | dene Ngabèi Jayasimpangan | amrih jênak pandulune | wau ta ingkang mungsuh | barisira sampun miranti | ingkang manggèn panjawat | kanan kerinipun | pra bupati Sukawatya | sawadyane dene ingkang andhadhani | senapatining yuda ||

42. Radyan Dipati Suryanagari | ngagêm songkok baludru rinenda | panji-panji lancingane | cindhe paningsêtipun | nyampingira [nya...]

--- 51 ---

[...mpingira] boja cêlari | rasukan karatean | katri dhuwungipun | winangking miwah inganggar | nitih kuda pancal sinongsongan putih | kadya Ratu Ngawôngga ||

43. samya songsongan para bupati | ngajêngakên senapatinira | ngêntosi dhawuh campuhe | wau kang munggèng panggung | jêng pangeran ing Sukawati | mriksa cacahing wadya | kilèn alun-alun | ingkang dharat tigang lêksa | tigang èwu kawan èwu kang turanggi | mariyêm kawan wêlas ||

44. kalantaka kawan dasa kalih | baris wetan lun-alun winarna | duk winilis ing cacahe | kapalan pitung èwu | kawan atus sawidak kalih | katur sagunging cacah | wau wong dêdulu | jalwèstri lir garêbêgan | sabên dina ajar kathah tiyang prapti | wong desa pagunungan ||

45. sigra dhawuh campuhing ajurit | Radyan Dipati Suryanagara | aba sarêng ing angsahe | pangawat têngênipun | Janapura Jayanagari | sawadyane turôngga | atêngara umung | kêndhang gong bêndhe wurahan | sarêng surak acampuh bêdhil-binêdhil | nusup pangawat kiwa ||

46. kang nindhihi bupati kêkalih | Jayadirja lan Ranadiningrat | sarêng giyak panêmpuhe | baris kilèn gya nambur | barung slomprèt bêndhe tinitir | samya surak sauran | carabalèn umyung | kodhokngorèk munya ngangkang | maryêm kalantaka bêdhil sarêng muni | lir pendah arga gugrag ||

47. pindha amuk angungkih tan kongkih |

--- 52 ---

aprang kuda anêsêg anunjang | dharat agagah tangguhe | lontaka maryêm agung | kadya gêlap lor kidul muni | kukus lir ampak-ampak | kagulung ing mêndhung | sakala pêtêng limêngan | datan antuk corok prajurit turanggi | mangsah angangah-angah ||

48. suka samya ingkang nêningali | tangkêp kadya aprang têtêmênan | wus dangu rukêt perange | lajêng ngundhangan mundur | samya kèndêl obat winilis | kang kalong prang turôngga | tigang lêksa patrum | mariyêm lan kalantaka | satus kati wau ta prapta anggili | jodhang êtong gotongan ||

49. Endranata mitênggêng ningali | satus eram pirang èwu eram | Jasimpangan tinanya ge | apa ta sabênipun | pêndhak Rêbo ajaring jurit | matur kang tinakonan | sampun adatipun | sabên ajar prang turôngga | tigang lêksa patrum têrkadhangan luwih | mangke yèn aprang dharat ||

50. kawan têngah lêksa patrum ênting | punika tong anggili gotongan | mangke prang dharat kanggene | jodhangan isinipun | pan sêmôngka minôngka paring | sagung mantri punggawa | Endranata muwus | kang payung putih nèng wetan | pangran sapa kang tinanya anauri | inggih dede pangeran ||

51. pan punika tungguling bupati | Radyan Dipati Suryanagara | pun Suwandi kala lare | bagus prawirèng punjul | mila sangêt dipun kasihi | wus ingakên santana | kalangkung dèn ugung | Dipati Suryanagara |

--- 53 ---

Radèn Arya Endranata duk miyarsi | ngungun sarwi ngandika ||

52. katon dahat awuwuh asigit | Si Suwandi dadi wong Mataram | sêmbada solahbawane | lawan busananipun | pan sumlamar lan para gusti | pangran putra narendra | amor nora kantun | Jasimpangan aturira | lênggahipun Suwandi sabin Matawis | kalih èwu andurma ||

49. Durma

1. wadya dharat dhinawuhan ajar ing prang | sigra Suryanagari | anêmbang têngara | bêndhe agêng sadasa | kalih dasa ingkang alit | gong bèri gôngsa | salawe agêng alit ||

2. tamburira cacahe salawe êprah | sarêng munya tinitir | swara sru wurahan | barung swarane janma | giyak surak wanti-wanti | kadya ampuhan | barung udan sêmèni ||

3. wadya dharat akukuk parêng umangsah | senapati ngawaki | dadya rêbut papan | pangawak keri kanan | bupatine angawaki | abêbêdhilan | rame rok silih ungkih ||

4. ingkang pindha Walônda êdrèle munya | mariyêm anauri | kukusing sandawa | kadi blêdug katiga | ampak-ampak anampêki | mungsuh angidak | nusup kukusing bêdhil ||

5. bingung liwung kuwur dene kamomoran | kang apindha Kumpêni | drèle kalantaka | sungsun mariyêmira | pangrasane kang miyarsi | kadya ngrubuhna | wukir gêng ing Mêrapi ||

6. senapati Dipati Suryanagara | lan sagung pra bupati |

--- 54 ---

wuru prang anunjang | samya narik curiga | ting jalêrit wong ningali | nunjang anepang | angidak angangkahi ||

7. wusnya dangu tinêtêgan unduring prang | sarêng unduring kalih | dhadhal kang pangawat | kacaryan kang umiyat | Aryendranata lingnyaris | punjuling jagad | Pangeran Mangkubumi ||

8. pan wus kadya prabawane naradipa | tuhu lananging bumi | wau kacarita | milanipun pangeran | dèrèng karsa amanggihi | dutèng Samarang | dene sawêg nimbali ||

9. Adipati Pugêr Benggol Sukawatya | inganti antara ri | bubaring ajar prang | Pugêr praptèng Prambanan | wadyanira kang umiring | wahana kuda | sèwu kapara luwih ||

10. sang dipati dalu nglampahkên caraka | dhatêng nagri Matawis | jujug pondhokira | Rôngga Wirasantika | aminta kirim prajurit | wahana kuda | sèwu lumayu wêngi ||

11. asamêkta Mas Rôngga Wirasantika | lawan Suryanagari | myang para bupatya | urunan kirim bala | samya wahana turanggi | sikêp gêgaman | bandera warni-warni ||

12. mangkat dalu mêthuk marang Parambanan | praptane wus kapanggih | lan Pugêr Dipatya | enjing sigra budhalan | kalih èwu kang turanggi | banderanira | angalih dasa sisih ||

13. wadyanira ingkang dharat kalih nambang | gunggunge ingkang baris | dados kawan nambang | tamburipun nêmbêlas | saking gêndhunge dipati | dutèng Samarang | dimèn gawoking ati ||

14. kang amêthuk Tumênggung Jayawinata | Wiranata akanthi |

--- 55 ---

Suramangunjaya | miwah Suradigdaya | enjing Kudanawarsa ngling | mring tamunira | rayi paduka prapti ||

15. Adipati Pugêr punika kang wadya | praptèng lun-alun gili | mêdhun sing turôngga | duta Samarang miyat | prajurit kang munggèng ngarsi | kang kêkapalan | sèwu dhomas watawis ||

16. Danawarsa matur lah inggih punika | balane sang dipati | kalih èwu dharat | kalih èwu turôngga | kodhokngorèk gông saruni | pradôngga miwah | carabalèn nèng wuri ||

17. gèdhèg-gèdhèg ngungun Arya Endranata | setanên wong puniki | hèh Kudanawarsa | ramakmu Si Paridan | têka dinulur Hyang Widhi | apa ta baya | ngèlmune bêlis iki ||

18. anèng wuri titihane tandhu lawan | ginarbêg magêrsari | satus tumbak benang | angangge gêrandim mas | ampilan nèng ngarsa sami | myang kering kanan | brasinang busana sri ||

19. arasukan sêsêling kêthu bathokan | sarwi anganggar godhing | tan nganggo dhuwungan | nyamping sarung samboja | jêjenggotira pinidih | tênaganira | lir dhaènge wong Bugis ||

20. pan sarakit sisih ampilan canela | kang sami ngampil-ampil | sami ngangge jangkang | wangun panjang cêrapang | endhong suwasa rong rakit | sinêling êmas | miwah gandhewa kalih ||

21. gandhewane ingaranan Baleragas | êmas sinilih asih | Pugêr jujugira | pondhok Mangkunagaran | Pangeran Mangkunagari | mêthuk [mêthu...]

--- 56 ---

[...k] ing lawang | kumrutug kang ngurmati ||

22. pra bupati wus aglar sakenjing mila | miwah kang para mantri | myang para santana | pêpak samya kêmpalan | pangeran arsa manggihi | têtamunira | dutanipun Kumpêni ||

23. Adipati Pugêr sawusira prapta | pangeran gya nimbali | mring Kudanawarsa | ngirid dutèng Walônda | Endranata Pangran Wijil | panggenanira | ing wetan dèn saosi ||

24. sakidule lênggahe Pugêr Dipatya | dyan dipati anunggil | saklasa kalawan | Pangran Mangkunagara | duk prapta Pangeran Wijil | pangeran têdhak | kurmat angacarani ||

25. lah kiyai sami lajênga kewala | Pangran Mangkunagari | lan Wijil salaman | nulya Pugêr Dipatya | sawusnya sagung bupati | kinèn ngujunga | dhatêng Pangeran Wijil ||

26. Endranata ngungun mulat pra bupatya | samya sigit awingit | têpsila susila | cahya abang sumringah | sinawang langkung rêspati | kasor prabawa | pra bupati nagari ||

27. Pangran Mangkunagara alon ngandika | kadipundi puniki | têka tanpa wêkas | karêpe si Walônda | wira-wiri dèn kongkoni | jêr wus kaliwat | panulunging Kumpêni ||

28. Endranata umatur marang pangeran | dhuh anggèr salamnèki | ibu jêngandika | lan malih kintun dhêsthar | parangrusak alit-alit | lan sêmukirang | gène nyêrat pribadi ||

29. lan paningsêt pêlangi têpèn sakêbar | pangran ngandika aris |

--- 57 ---

ibu karaharjan | kraos wontên Samarang | Aryendranata turnyaris | inggih raharja | Pugêr lajêng nambungi ||

30. sira iku Endranata lakunira | mundhak kakèhan sikil | sira kilap apa | dhingin duk anèng wana | prandene sira aturi | gusti tan arsa | iya ta mêngko malih ||

31. wus kakiyuk papusêre tanah Jawa | ewon lêksan kang abdi | kayapa karsaa | mungguh pangêpukira | Aryendranata nauri | jênênging tuwa | môngsa mundura mami ||

32. ginagêtak sinêntak masa maria | wong tuwa amrih bêcik | lali luput ala | bubuhane wong tuwa | nora nganggo wêdi isin | sapa kang nacad | liya kadang pribadi ||

33. gêmah rusak sapa rowange ngrasakna | mungguh nagara Jawi | yèn ora lan kadang | kapriye mungguh sira | sun iki sira arani | jêlèhi mata | ambosêni kêkirik ||

34. iya bênêr sabarang pangucapira | sayêkti sisip mami | mung apuranira | luputing kuna-kuna | ing jamane môngsa lali | ing mêngko iya | anggêpên jaman eling ||

35. Adipati Pugêr alon saurira | rusuh dadine iki | asru angandika | Pangran Mangkunagara | marang sagung pra bupati | tandhinge apa | apa bae pa apit ||

36. lamun bae padha milu ngêndi sira | gumrêng ture bupati | tumut sawung kula | pyambak ki sang dipatya | dadya tan ana ngiloni | Aryendranata | pangran ngandika malih ||

37. olèh têmêngtêmên. tandhing padha jago [ja...]

--- 58 ---

[...go] kawak | padhaa dene kalih | nanging kari gabah | gabahe wong Samarang | gula batu tèh cangkuwih | paman dipatya | gabah dhangkèling kunci ||

38. bokmanawa padha sêru gitikira | kari pêdhêse yêkti | pêdhês man dipatya | palangkringane sela | Aryendranata nauri | botên bêndara | pun paman adipati ||

39. duk Jakawal kula inggih sampun kalah | sampun karoban tandhing | ing Jakawal wana | ing Samawis nagara | pamère tiyang Samawis | dados badinan | wontên ing Sukawati ||

40. Adipati Pugêr alon wuwusira | Endranata sirèki | sabênêring lampah | nora gêlem tinuta | yèn ora gawa lih-olih | êndhas nèng ancak | êndhase patih kalih ||

41. dhase Sindurêja dhase Pringgalaya | dhase Gupnur Samawis | iku bokmanawa | yèn ora mangkonoa | nora duwe ujar kalih | wong wis tinêmah | tiba alara pati ||

42. nora merang mênang ngukup kalah ilang | pan uwis dèn lakoni | mêngko mindho sira | ngipuk mêmanas driya | dadak kêthimak-kêthimik | tikus angarah | arsa ambadhog kucing ||

43. wong wus nora dèn karsakakên amêksa | dadine wong kumaki | gumagah gumisa | wong wus wêruh têtela | lamun dhangkèl Sukawati | wus anêmpuh byat | tan bisa amindhoni ||

44. samya suka gumujêng kang pra bupati | pangeran ngandikaris | suwawi aseba |

--- 59 ---

paman Pugêr kalawan | kabèh kang para bupati | ngirid caraka | ingkang saking Samawis ||

45. sarêng budhal sing pondhok Mangkunagaran | gumrêdêg pra bupati | praptanira sowan | canthèl atur ngandikan | Pangeran Mangkunagari | lawan Dipatya | Pugêr ngandikan sami ||

46. katigane Adipati Jayaningrat | myang sagung pra bupati | pangran atur sêmbah | paran karsa paduka | Jêng Pangeran Sukawati | alon ngandika | iya undangên aglis ||

47. ngarah apa kulup ingsun nêmonana | ingsun tan sônggarunggi | awit praptanira | sêdyane amrih arja | tuluse kang bumi-bumi | yèn tinurutan | cupêt pakaryèng jurit ||

48. dadya kêdhik kaluhurane wong Jawa | nora tabêt kang jurit | iku karsaningwang | kulup Mangkunagara | dèn padha eling nglakoni | sakuwat-kuwat | môngka ngulihkên aji ||

49. nêmbah matur Dipati Mangkunagara | lamun makatên inggih | nuntên tinimbalan | Dyan Arya Endranata | pangeran mêdal pribadi | sapraptanira | srimanganti dhawuhi ||

50. lah suwawi paman Wijil ingandikan | kêkalih lan pun kaki | mung ingkang satunggal | pêpatih ing Samarang | dimène kantun nèng jawi | kanthi bupatya | papat ingkang manggihi ||

51. paman Rôngga kalayan Suryanagara | Janapura sirèki | myang Kudanawarsa | kapat samya ngandikan | sigra sarêngan lumaris | praptèng ngayunan | amung Pangeran Wijil ||

52. ingkang sinaosan [sinao...]

--- 60 ---

[...san] kursi pan satata | Endranata alinggih | nunggil pra bupatya | Dipati Jayaningrat | Pangeran Mangkunagari | lênggah anunggal | Pugêr Suryanagari ||

53. wusnya tata lênggah katur punang surat | mring Pangran Sukawati | sêrat gya binuka | sinuksmèng ing wardaya | mangkana wuryaning tulis | pèngêt kang sêrat | kanthi puja basuki ||

54. ingkang mijil saking sukcining warnayawardaya. | sing mitranta kang asih | Gupêrnur Samarang | Baron Hondhorêp ingkang | amisesa ambawani | pasisir Jawa | bang êlèr wetan sami ||

55. waranane para rad pêni India | kang agung ambawani | tah talatahira | bawah angin sadaya | prakosa prawirèng jurit | abandhu bôndha | sih marma mring sêsami ||

56. kaatura ing mitranta kang sumbaga | wong agung ing Matawis | kang bêk martotama | musthikaning rat Jawa | ingkang asêsilih nami | Kangjêng Pangeran | Dipati Sukawati ||

57. senapati ing prang pramuka jayèngrat | wiyosipun Kumpêni | umatur pratela | mung amamrih raharja | kalamun panudyèng galih | pangran ngaturan | kondur dhatêng nagari ||

58. ingkang raka Sri Bupati Surakarta | ing mangke wus marêngi | pasrah ingkang praja | paduka jumênênga | Prabu Anom Senapati | sakarsanira | kèhe kang lênggah siti ||

59. nadyan nyuwun sapalih anggêre tunggal | Kumpêni anjurungi | karsane narendra | mupakat kang pirêmbag | lan sagung para radpêni | têtapak asta |

--- 61 ---

tanah Jawi pinalih ||

60. sawusira winaos kang punang surat | sêrat nguncalkên aglis | marang ingkang putra | Pangran Mangkunagara | winaca sinuksmèng galih | mèsêm pangeran | anêmbah matur aris ||

61. langkung sae paduka yèn ngarsakêna | ing rèh pating kacimih | punapa ing kina | pan botên sapunika | mila anyênyakit galih | alon ngandika | Jêng Pangran Sukawati ||

62. inggih adhi dika makuwon ing benjang | sêrat kula angsuli | miwah sira Arya | Endranata mêtua | dene ta ing karsa mami | tan bangkit owah | wuwus kang wus kawijil ||

63. Pangran Wijil Endranata samya mêdal | makuwon gone lami | anèng wismanira | Tumênggung Danawarsa | mung ngantos sadalu malih | enjing sinungan | sul-angsul karya kingkin ||

38. Pangeran Mangkubumi wangsul saking Ngayogya dhatêng Sukawati, Pangeran Buminata dhatêng Sala

50. Asmaradana

1. surate Gupnur Samawis | samana wus ingangsulan | dutane sinung pasangon | anyatus duta katrinya | Pangeran Sukawatya | kintun dhatêng kangbok Ayu | Kangjêng Ratu Madurêtna ||

2. lawon alus ing Matawis | patbêlas kodhi kang wiyar | kang ciyut samya cacahe | myang pèni-pèni [pè...]

--- 62 ---

[...ni-pèni] Mataram | susuh dhèndhèng menjangan | dadya kalih bêlah pikul | twan gupêrnur kinintunan ||

3. dhèndhèng mênjangan akanthi | sarang burung myang wowohan | sèkêt gotongan cacahe | budhal saking ing Mataram | dutanipun Walônda | ing marga datan winuwus | praptane nagri Samarang ||

4. surat ingaturkên aglis | tinampan ing juru basa | winaca katur artine | gupnur dahat dènnya eram | sèwu nora anduga | kukuh bakuhe tan keguh | nora pisan nganggo mêmbat ||

5. cinatur para bupati | pasisir êlèr myang wetan | wus asayuk ing sêdyane | samya atur kapênêdan | ing Pangran Sukawatya | nanging sinamun ing laku | mamrih aja kawistara ||

6. môngka tôndha têluk batin | atur busana myang arta | kang nglangkungi sêsamine | mung Bupati Surabaya | lan bupati ing Tuban | Sasranagara Tumênggung | Sawunggaling Dipasana ||

7. angaturakên prajurit | sinuwurkên lamun minggat | Jawa pitung dasa kèhe | Bugisipun pitung dasa | samya wahana kuda | Kapitan Bugis Sêmangun | lawan Kapitan Juwana ||

8. prajurit ing Surawèsthi | Pulangrêsmi tindhihira | prajurit Tuban tindhihe | anama Jayèngranginan | samya lêrês santana | brasinang busananipun | jangkêp sikêping ayuda ||

9. wusnya bidhal kang prajurit | têlik sigratur uninga | tuwan gupêrnur nulya ge | utusan mring Surabaya | miwah dhatêng ing

--- 63 ---

Tuban | amikut bupati têlu | linajêngkên mancal layar ||

10. binucal Selông nagari | prasamya datan anyana | bupati ing katigane | wau ta malih kocapa | kang wontên ing Mataram | kang tan pêgat amêmangun | anata prajuritira ||

11. miwah sagunge bupati | kang môngka manggalaning prang | pinilih kang pambêkane | santosa wantêr ing yuda | jêng pangran dèrèng karsa | ingaturan madêg ratu | mring sagung punggawanira ||

12. malah arsa wangsul malih | têdhak dhatêng Sukawatya | mawi mangidul lampahe | angampiri ing Sêmbuyan | rayi ingkang ngucira | tinêdhakan karsanipun | darapon purun panggiha ||

13. Dipati Pugêr tinuding | lan Tumenggung Jayadirja | anênggêl ngambah mangalèr | mêdal Piji Wanakarta | kinèn ngêlar jajahan | kang dhèrèk mring Wukirkidul | Dipati Suryanagara ||

14. mung wangsul Sêmbuyan wukir | dene kang têngga Mataram | Pangeran Dipati Anom | rinêksa ing maratuwa | Dipati Jayaningrat | kalawan para tumênggung | kadang kadeyan Mataram ||

15. pra Bupati Sukawati | kang tinilar ing Mataram | katiga senapatine | wong pinilih pitung dasa | sangkêp kapraboning prang | têtindhihe mantri pitu | rumêksa pangran dipatya ||

16. Pugêr budhal ngrumiyini | lan Tumênggung Jayadirja | lampahe nênggêl mangalèr | nurut margi gêng kewala | anjog ing Wanakarta | menggok ngilèn akêkuwu | anèng dhusun Kadirêja ||

17. sira [si...]

--- 64 ---

[...ra] Pugêr Adipati | Dyan Tumênggung Jayadirja | ngirupi wong desa kabèh | kang tumut bumi Samarang | anut datan suwala | mangsuli ingkang kawuwus | Jêng Pangeran Sukawatya ||

18. kang anèng nagri Matawis | budhalan saking Ngayogya | Magiri ngetan lampahe | Pangeran Mangkudiningrat | lawan Suryanagara | ingkang dhèrèk têdhakipun | de Pangran Mangkunagara ||

19. mêdal saêlèring wukir | lan Rôngga Wirasantika | katri Pangran Arya Pamot | anjog ing Laroh aminggah | wau Kangjêng Pangeran | Sukawati têdhakipun | Suryanagara nèng ngarsa ||

20. wadyane mung sawatawis | ingkang wahana turôngga | mung kalih bêlah cacahe | tiga bêlah ingkang dharat | waos cêmêng lan benang | lampahe tansah sinêrung | ngantos têbih lan pangeran ||

21. ciptane agea panggih | awani takêr ludira | sêbah dènnya myarsakake | dene karsane tan kaprah | môngka Suryanagara | kalêbêt santananipun | saking ibu lêrês misan ||

22. marma Radyan Adipati | Suwandi Suryanagara | tyasira kadya binrongot | ngajap nuli kapanggiha | lan Pangran Buminata | arsa tinumbuk kagapyuk | amrih cupêting pocapan ||

23. mila anginthar-angênthir | agung dènnya misah lampah | kadhang mung bala salawe | kadhang bêkta kawan dasa | amrih sagêd manggiha | nanging sabên dhawah suwung | Pangran Buminata nilap ||

24. Jêng Pangeran Sukawati | sawadyane masih têbah |

--- 65 ---

kang manganjuri lampahe | Dipati Suryanagara | wus prapta ing Sêmbuyan | ngosak-asik Gunungkidul | ngubrês Sultan Buminata ||

25. nanging tan sagêd kapanggih | jêng sultan nilap umpêtan | cinatur kang mêdal êlèr | Pangeran Mangkunagara | Rôngga Wirasantika | lan Pangeran Pamot sampun | prapta ing dhusun Sêmbuyan ||

26. Sultan Dhandhun Martèngsari | wus ngalih gènnya umpêtan | dadya mung panggih barise | Dipati Suryanagara | pangeran angandika | paman kula dahat ngungun | tyas kula botên sakeca ||

27. mênèk paman kang nyalênthik | panilape paman sultan | myang paman Singasarine | jêr paman sanake misan | matur Suryanagara | anggèr kang akèn lumayu | jer anggèr putra ponakan ||

28. pangeran gumujêng bêlik | suka gumêr kang miyarsa | dènira poyok-pinoyok | wau Pangran Buminata | gêblas dhatêng Pacitan | maring Sumbêr Nglorog Pagul | anjog tanah Pranaraga ||

29. nglampahkên dutatur uning | Sri Bupati Surakarta | sagah arsa nyirnakake | kang raka ing Sukawatya | mung minta bantu bala | nanging datan pinaèlu | kathah wong agung kang ngina ||

30. myang Oprup Gupnur Samawis | nora nana kang anggêga | maring pangeran ujare | sanggupe awani lawan | kang raka Sukawatya | dalah lare anggêguyu | asanggup nora sêmbada ||

31. anyumbari Mangkubumi | lan Suwandi bae kalah |

--- 66 ---

punggawa Kamangkubumèn | iya dèn ijèn kewala | mendah loro têlua | dudu ranggane kang magut | lawan dudu Jayadirja ||

32. mantri bae akèh wani | angêbut ro miwah tiga | para mantri Mangkubumèn | akèh ngajap tinandhingna | lan Pangran Buminata | Ki Dêmang Sokajêngkilung | lan Dêmang Gongganggalungan ||

33. lawan Dêmang Gondhangrawi | lawan Dêmang Pulungdara | Dêmang Bulukumêndhunge | kang sampun kalair ngajap | eman ngadu punggawa | dêmang ing Kudurbêrubuh | wani gosok godhinira ||

34. Pangeran Mangkunagari | yèn aja iku ajriha | maring ing marasêpuhe | ngutus bupati kewala | Tumênggung Wiranata | Kudanawarsa Tumênggung | miwah Suramangunjaya ||

35. padha sanggup anguwisi | nyêkêl Pangran Buminata | ingkang tinaha batine | Jêng Pangeran Sukawatya | katon yèn dèrèng rila | marang kadang kang jêjuluk | Sultan Dhandhun ing Sêmbuyan ||

36. milane sami ngawaki | ngalingi nisthane kadang | tan wurung gêpok slirane | ya ngêndi ana pangeran | sutèng Raja Mataram | bêkêl desa wani mungsuh | saking soring kang darajat ||

37. Jêng Pangeran Sukawati | abdine kathah miyarsa | ngandika dahat ngungune | mring kang rayi Buminata | wigare kang pratingkah | lawan wudharing pamuwus | miwah worsuh ingkang karsa ||

38. pangeran angrês ing galih | lamun midhangêt pawarta | dènnya kadaut lupute | têmah nandhang duka cipta |

--- 67 ---

papa kalunta-lunta | sabarang karsane kuwur | kuwur kaworan urakan ||

39. tan nêtês titi patitis | nora putus ing ayuda | nora nana lêlabête | yèn satriyagung Mataram | was-tiwas nora kentas | dene katutuh kapatuh | nora bakuh ing wicara ||

40. basa têrahing Matawis | kudu bakuh ing wicara | pêngkuh nora amalèsèt | yèn mindhonana wacana | kono kene kalongan | ilang darajate putung | apranga nora lêksana ||

41. nêdya angolaha pikir | pothar-pathir kuthetheran | ngêthêthêr pikire kèthèr | wong wus ilang kang darajat | anggayuh-gayuh tuna | angrêrangsang-rangsang luput | têmah papa tanpa guna ||

42. Jêng Pangeran Sukawati | praptèng Sêmbuyan miyarsa | kang rayi nêbih nilape | ngungsi bumi Pranaraga | agung dènnya utusan | maring nagri minta bantu | sagah mungsuh mring kang raka ||

43. nanging kangjêng sri bupati | tan pisan karsa miyarsa | ingkang rayi pamintane | mring oprup kêrêp utusan | uga datan anggêga | pangran minta mring guprênur | guprênur nulyatur surat ||

44. maring jêng sri narapati | lamun Pangran Buminata | aminta bantu karsane | sagah prang mêngsah kang raka | tan pantês ginaliha | dene lamun nyuwun pêthuk | mung arsa kondur kewala ||

45. paran gèn botên nuruti | mangkana gupnur aturnya | miwah Oprup Totlomondo | uga sinungan parentah | kadya ing aturira | ingkang konjuk sang aprabu |

--- 68 ---

mangkana ingkang winarna ||

46. ratu kadipatèn maksih | ingkang ibu jêng pangeran | tan kêndhat ing pamintane | maring kangjêng sri narendra | kondure ingkang putra | dadya sang nata anurut | dhawuhakên pangandika ||

47. maring oprusoprup. kinèn aglis | mêthuk Pangran Buminata | nanging Oprup Totlomondo | anuwun inah sawulan | sêdhêng têlas kang jawah | mung wontêna mêndhanipun | mamrih ecane nèng marga ||

48. kunêng malih kang winarni | kang samya anèng Sêmbuyan | ingkang pinrih wus sirna doh | wong Sêmbuyan têluk samya | Jêng Pangran Sukawatya | sigra dènira dhêdhawuh | pan arsa kondur mangetan ||

49. Pangeran Mangkunagari | kondur dhatêng ing Gumantar | Suryanagara mangilèn | wangsul dhatêng ing Ngayogya | Pangran Mangkudiningrat | wangsul ing panggenanipun | pacak baris Pamutihan ||

50. Pamot kinèn minggah wukir | anata prajuritira | nèng Wukirkidul samangke | timbalane ingkang rama | Jêng Pangran Sukawatya | nampèni ing ampasipun | Sultan Dhandhun Martèngsêkar ||

51. Jêng Pangeran andhawuhi | mring Pangran Mangkunagara | bawahe adhimu Ngare | sira ingkang mêngkonana | mung êdumana bandar | pasar loro bae cukup | karya busananing bala ||

52. Pangeran Mangkunagari | amung sumarah sakarsa | Jêng Pangran Sukawatine | ngandika maring kang putra | Pamot sira jaluka | bandar marang kakangamu | loro bae lilaningwang ||

53. lan kulup Mangkunagari |

--- 69 ---

mungguhing pamikirira | sapa baya prayogane | kang dadi lurah santana | pangeran aturira | sumôngga karsa pukulun | dhawuh andika ing rama ||

54. ya kulup pandulu mami | adhimu Mangkudiningrat | akas dhangan barang gawe | lah iya besuk agampang | dadya sami miyarsa | kalurahan santanèku | badhe Pangran Mangkuningrat ||

55. gya budhal sarêng kang baris | cinatur ing Surakarta | wus dadya wau rêmbage | mêthuk Pangran Buminata | oprup ingkang dinuta | lan Ônggawôngsa Tumênggung | Dyan Tumênggung Cakrajaya ||

56. dadya bupati kêkalih | sèwu miwah numbakanyar | sakaliwon myang mantrine | bêdhol kang kalih bupatya | dene Kumpêni Islam | tigang kaptin naminipun | Tolong Dul Jalil Salijah ||

57. anyatus kapitan siji | tigang atus Kumpêni Slam | dene Oprup Totlomondo | bêkta satus dragundêrnya | ingkang dharat sawidak | gunggungipun kalih èwu | dedamêl sabrang lan Jawa ||

58. angkatira pukul katri | saking nagri Surakarta | byar prapta lèr Kêdhunggudèl | gègèr desa kang kamargan | dene tan ana warta | lampahe Kumpêni laju | anèng Ngutêr kèndêlira ||

59. bupati kalih rumiyin | lan kaliwon mantrinira | atut wuri utusane | Jêng Pangeran Buminata | gène wontên Wiraka | sapraptane dutanipun | kang saking ing Surakarta ||

60. matur yèn kang mêthuk [mêthu...]

--- 70 ---

[...k] prapti | utusan dalêm sri nata | tuwan Oprup Totlomondo | dragundêr satus binêkta | ingkang dharat sawidak | Kumpêni Slam tigang atus | kêkalih bupatinira ||

61. kalih èwu gunging baris | ingkang amêthuk paduka | gangsal atus turanggane | sèwu gangsal atus dharat | pangeran duk miyarsa | langkung asrêp galihipun | saking Wiraka wus budhal ||

62. sawadya sagarwa siwi | kadi wontên kalih bêlah | ingkang sèkêt wong lanange | satus wanodya sadaya | dalu saking WikaraWiraka. | bêdhug tiga praptanipun | baris ing Ngutêr punika ||

63. lawan oprup wus apanggih | aras-ingaras kang jôngga | sarêng byar tata barise | kunêng bupatine mêngsah | Tumênggung Wiranata | myarsa yèn Kumpêni methuk | ing Pangeran Buminata ||

64. nèng Ngutêr kèndêling baris | pangeran wus pinondhongan | Tumênggung Wiranatane | budhal saprajuritira | sami adhehan nyongklang | wontên kuda tigang atus | ingkang rumiyin kewala ||

65. prapta ing Ngutêr nulyaglis | kuda tigang atus mangsah | angepung oprup barise | ing wuri kathah kang prapta | Tumênggung Kartadirja | sagung pra mantri pangayun | prapta saprajuritira ||

66. ing Ngutêr kinêpung kikis | turôngga jinajar wayang | misih jiro gêgamane | akèh kang kinêpung ika | nanging gili kang prapta | sawêg angaturi wêruh | ing Pangran Mangkunagara ||

67. wontên ing Kêdhungwaringin | lagya ngalih pasanggrahan | saking Gêmantar ing mangke |

--- 71 ---

langkung prayogining papan | jurang ngubêngi toya | pakuwon tinata patut | kinêbon kinêmbang-kêmbang ||

68. mantri sakawan duk prapti | matur yèn Kumpêni prapta | tindhih Oprup Totlomondo | amêthuk rama paduka | Pangeran Buminata | ing mangke sampun angumpul | kang abdi nuwun parentah ||

69. kagyat pangeran miyarsi | hèh duta warahên enggal | Wiranata sakancane | yèn kuwagang dèn gêpuka | yèn ora dèn kodhola | dene ingsun nuli nusul | sigra abêndhe undurnya ||

51. Durma

1. duta mêsat saking Kêdhung sêsandêran | prapta ing Ngutêr aglis | dhawuhkên parentah | ngangsêk kang pra bupatya | Kumpêni mriyêm kêkalih | nulya pinasang | kidul kang lèr marpêki ||

2. dèn mariyêm kang lèr kang wetan mangrêmpak | bingung bala Kumpêni | nulya budhalira | saking Ngutêr tinata | dragundêr kang munggèng ngarsi | mriyêm wurinya | Kumpêni kang lumaris ||

3. pra kapitan Islam ingkang binacingah | kalawan pra bupati | abintang-binintang | carub ingkang gêgaman | saking Ngutêr sampun têbih | kinodhol mêngsah | kininthil dèn bêdhili ||

4. sarwi kukuk saking lèr miwah ing wetan | saking kidul nyaraki | pistul kadya udan | Pangran Mangkunagara | saking lèr sawadyanèki | nandêr anyongklang | gumrubyug anututi ||

5. mantri jêro kewala lan pêrangtandang | lawan saragni abrit | amêgati ngarsa | lajêng acampuh yuda |

--- 72 ---

kinalang rèrès ing jurit | kèndêl sakala | arsa nadhahi jurit ||

6. Totlomondo miwah wadyabala Wlônda | pangeran marêpêki | ingedrèl sapisan | Pangran Mangkunagara | mantrine satunggal kanin | Jayaprameya | wentise kenging bêdhil ||

7. sigra dhawah Pangeran Mangkunagara | maring kang para abdi | kinèn dharatana | mantri jro mangsah dharat | asru dènira angungkih | acaruk papan | katri Walônda mati ||

8. bangkenipun ingêrud lawan turôngga | kèndêl sagung prajurit | Totlomondo mojar | Tumênggung Ônggawôngsa | kadi ta paran ing kapti | sajroning aprang | tan katon ngati-ati ||

9. kawistara bapak gumluwèh kewala | Ônggawôngsa nauri | tuwan manah kula | sakala wau maras | dupi caruk drèl Kumpêni | ilange maras | mungguh bobote kèksi ||

10. tuwan dika wus nglakoni lawan kula | aprang lan Mangkubumi | môngsa makatêna | pratingkahing ayuda | Jêng Pangeran Mangkubumi | ngêdrèl sapisan | banjur acaruk kêris ||

11. mèsêm angling pêrang iki kaya apa | bapak karsanirèki | alon saurira | Tumênggung Ônggawôngsa | dèn tambuh eca lumaris | botên punapa | kadi prang lare alit ||

12. Totlomondo wus ayêm gêlar santosa | eca dènnya lumaris | gumrudug kang mêngsah | nanging sênggrang kewala | anggêgila gêgirisi |

--- 73 ---

yèn tinawêkal | riwuk tan angênèni ||

13. nanging datan antuk mangan antuk nendra | sipêng Tanjung sawêngi | kumrutug bêbalang | bêdhil lèr kidul wetan | pangran undhang amêmaling | gumriwis prapta | wus dèn udani maling ||

14. aparentah pangran mring para bupatya | rêriwukên sawêngi | sagung pra bupatya | ngêpung saking kadohan | Kumpêni tan antuk bukti | mung sangunira | roti saking nagari ||

15. enjing budhal mêngsah gumriwis tut wuntat | turôngga kêna mimis | kang nunggang tan kêna | nanging lajêng aniba | Pangeran Mangkunagari | kèndêl mung bala | punggawa kang ngênginthil ||

16. kèndêlira Tumênggung Kudanawarsa | kang sangêt angaturi | ing karsa paduka | inggih asil punapa | wong wus kesah dèn tututi | rama paduka | Jêng Gusti Sukawati ||

17. parentahe kinèn gusah ingkang paman | Sultan Amartèngsari | mangke tan ginusah | inggih kesah piyambak | têka dadak dèn regoni | paran ing karsa | pangran kèndêl nuruti ||

18. prapta êlèr Tangkisan wau lampahnya | wadyabala Kumpêni | bêbantu kang mapag | prapta ing Paserenan | Pringgalaya Adipati | bêkta sawidak | Kumpêni kang lumaris ||

19. lan Pangeran Arya Mataram kanthinya | mêthuk sakidul Baki | wus sami katingal | mêngsah pangodholira | kang mêthuk katingal sami | wangsul kang mêngsah | sami nabrang ing Picis ||

20. kèndêl Baki Adipati Pringgalaya |

--- 74 ---

oprup jawat astèki | pangran sêsalaman | kalawan Pringgalaya | Pangeran Arya Matawis | ngabekti lawan | kang raka dèn tangisi ||

21. sarêng budhal sapraptanira nagara | lajêng tumamèng puri | oprup jawat asta | Pangeran Buminata | ngabêkti raka narpati | sarwi karuna | sawusnya tata linggih ||

22. kinèn mêdal aso pinaring panggenan | sakidul wetan Gadhing | nguni wismanira | Rahadèn Wirayuda | wonge sèkêt kusi-kusi | apan tan ana | wonge pêndhokan siji ||

23. langkung nistha sagah lamun anyirnakna | mungsuh sadaya sami | kêkere ngêlômpra | wonge tan ana pakra | sri bupati andhawuhi | oprup supadya | sung uning mring Samawis ||

24. Pangran Buminata wus praptèng nagara | kunêng gantya winarni | Pangran Pamot ingkang | anèng wukir Katongan | ribêng tyas tigang prakawis | kang saprakara | kang rama andhawuhi ||

25. Pangran Sukawati wus maringi bawah | lan bandar dèn paringi | nanging ingkang raka | Pangran Mangkunagara | bandare tan dèn paringi | arsa ngatasa | yèn anuwuna ajrih ||

26. kapindhone kang dadya prihatin dahat | dene miyarsa warti | lurahe santana | badhene arinira | Mangkudiningrat yèn yêkti | kalangkung merang | anglurah mring kang rayi ||

27. ping tigane kang dadya prihatining tyas | dènira tan sêsiwi | agung binabana | putra lawan kang garwa | dadya nêmah amrih pati | nguntal warangan |

--- 75 ---

agênge sakêmiri ||

28. lawan duduhing jêram pêcêl lêlima | sapanginang watawis | dhawah buntayangadbuntayangan. | ngolang-aling kalintang | wuru tansah luntak gêtih | saking talingan | grana netra rah mijil ||

29. gulimpangan badhêdhêg padharanira | tan pêgat ngolang-aling | dahat amlasarsa | ing kalih dalu seda | anèng ing Katongan wukir | para mantrinya | samya atur udani ||

30. mring kang raka Pangeran Mangkunagara | miwah dhatêng kang rayi | kang baris Gangsiran | Pangran Mangkudiningrat | ingkang prapta andhingini | praptèng Katongan | ngungun waspa drês mijil ||

31. ingkang dhatêng Kêdhungwaringin wus prapta | kagyat kang raka aglis | akintun pêthakan | kunarpa binêcikan | pinurugakên Matawis | gènira mêtak | ing Panitikan nênggih ||

39. Kumpêni nglurugi Ngayogya Pangeran Mangkubumi têtulung, lajêng katungka dhatêngipun utusan Kumpêni saking Samarang.

32. pan cinatur Sakèbêr lan Sindurêja | kang anèng Trayêm baris | samya mrih upaya | angimplêng kadya setan | wontên mantri ing Matawis | asakit manah | pinulut dèn kintuni ||

33. Ki Ngabèi Surajênggala ingêbang | yèn ngêngakna kang kori | awèha dêdalan | ing saprayoganira | lan Kumpêni arsa gitik |

--- 76 ---

dalu kewala | kang nèng Lengkong abaris ||

34. lamun silih Ngabèi Suramênggala | tulus tyas mring Kumpêni | tinulung ing benjang | mring oprup lan Sindurja | katur ing jêng sang siniwi | ing minta dadya | bupati ing Matawis ||

35. sarwi kathah Kumpêni kêkintunira | Surajênggala melik | wus sagah samôngsa | mawi samayan dina | sarta sampun dèn kintuni | bandera ladrang | rong kalan wiyarnèki ||

36. panjangipun sadhêpa sabêlah jaja | dhasare abang langking | wus dadi kang rêmbag | mayor lan mantrimuka | mupakat para bupati | eca kang manah | wadyabala Kumpêni ||

37. wus amêndhêm dutane Surajênggala | sanake kang tinuding | anamar suwita | Dipati Sindurêja | dina Salasa kang janji | panglaragira | sagunge ingkang baris ||

38. kintun cacah Ngabèi Surajênggala | gêgaman kang abaris | ing Lengkong punika | kalih èwu sadaya | bêbêcike wong Matawis | inggih wus pêpak | anèng ing Lengkong sami ||

39. sok pêcaha ing Lengkong kang anèng Yogya | amung wong Sukawati | yêkti nulya dhadhal | supe Surajênggala | yèn prange wong Sukawati | ngungkuli lawan | Makasar Bali Bugis ||

40. duk punika Sakèbêr ing rêmbagira | baris Trayêm ing mangkin | kathah kang binêkta | lan kang tinilar têngga | ing pondhokan mung watawis | Mayor Por rêmbag | Sindurja Adipati ||

41. abipraya lan sagung para bupatya | kang tinilar

--- 77 ---

mung kalih | wewolu binêkta | ingkang para bupatya | Kumpêni satus kang kari | ingkang binêkta | kawan atus Walandi ||

42. kawan atus malih Kumpênine Islam | mangkana praptèng janji | ing malêm Salasa | Kumpêni wus sanega | miwah sagung pra bupati | sigra budhalan | ing wanci pukul kalih ||

43. wontên kawan èwu gunging kang gêgaman | ing Jamus sampun prapti | pangarsaning lampah | sira duk amiyarsa | Surajênggala Ngabèi | lajêng adandan | sabature pribadi ||

44. prajurite kawan dasa kêkapalan | dharat satus tan luwih | laju bêbudhalan | kagyat baris kang myarsa | dene sira Ki Ngabèi | Surajênggala | siyaga bêngi-bêngi ||

45. tinakenan arsa tilik wismanira | Sujanapura ugi | suwêng tilik wisma | lampahe wus antara | wau prajurit Kumpêni | apêpanggihan | lawan kyai ngabèi ||

46. wus dèn irid gègèr pondhok Jagapuran | wus samya dèn ajangi | pondhok Jawinatan | lan pondhok Jagapuran | ing Jaganagaran malih | sarêng narajang | Kumpêni angêdrèli ||

47. kuwur tawur gugup prajurit Mataram | kang wus samya kêkambil | nadhahi ngayuda | rame miwah kang dharat | Jaganagara ngawaki | rame sakêdhap | kumrutug drèl Kumpêni ||

48. pan sinêrot Tumênggung Jayanagara | kinarutug ing bêdhil | sinungsunan tiktak | dhadhal karoban lawan | wong Sujanapuran ngisis | Jayawinata | kang

--- 78 ---

tinêmpuh dèn bruki ||

49. kuthetheran tiba saking ing turôngga | Tumênggung Rajaniti | anulya anyandhak | mèh rinampog ing kathah | Mayor Sakèbêr marani | lah iku sapa | Rajaniti nauri ||

50. gih punika anake kang Jawinata | wus ingangkat bupati | nunggak sêmi nama | Tumênggung Jawinata | lamun sipating bupati | pan botên kêna | pinrih rusaking pati ||

51. yèn sampuna wau konangan kawula | rinampog angêmasi | wau Jawinata | jinaluk mring Walônda | kinintunkên mring Samawis | kinanthèn layang | yèn bandhangan bupati ||

52. supayane kêna dadi ular-ular | milane dèn bêciki | Dyan Jayawinata | anèng nagri Samarang | kunêng wau kang ajurit | ingkang kasor prang | ngungsi Ngayogya sami ||

53. baris agêng Kumpêni Lengkong ngêbrêgan | rêmbage pra bupati | gêcak ing Ngayogya | kèndêl Lengkong sakêdhap | lajêng ing dalu lumaris | kang nèng Mataram | gunêm sagung bupati ||

54. Adipati Janingrat Suryanagara | samya agunêm pikir | sakecaning lampah | Jayaningrat lingira | inggih anak Adipati | Suryanagara | kadospundi ing mangkin ||

55. anauri Dipati Suryanagara | yèn dhatêng mangke ratri | inggih ingajangan | saking lêbêt kewala | lamun dhatêng benjing-enjing | botên kasêsa | punika wontên pikir ||

56. yèn ing dalu prayogi dheprok kewala | botên mingkêd [mingkê...]

--- 79 ---

[...d] sanyari | pama mêdalana | prajurit sami gêmpal | kasoring prang Lengkong sami | lamun têtêga | inggih sawêngi mangkin ||

57. kadya pulih pêrangipun benjang-enjang | yèn oncata sakêdhik | ing wêngi punika | sapanginggile lêbar | yèn kukuh sawêngi mangkin | inggih sa-Allah | kula angudanèni ||

58. samya rêmbag sagung prajurit Mataram | anut Suryanagari | mriyêm kalataka | ing panggung wus pinarnah | mriyêm ing Juwana nguni | ingkang binêkta | marang ing Sukawati ||

59. mangke sampun sami wontên ing Ngayogya | tinata sampun rakit | wong Bugis sadaya | kinèn ngêstabêlana | kang samya têtêg ing jurit | wusnya samêkta | binage kang prajurit ||

60. ingkang kidul kang lèr miwah ingkang wetan | pinilihan kang bêcik | mriyêm kalantaka | pinangku nèng palatar | anggêcêk wong Sukawati | amanggih papan | wong anom angukuhi ||

Lajêng nyandhak jilid 6.

--- [0] ---

Isinipun

... Kaca

33. Kumpêni nglacak Pangeran Mangkubumi ... 3

34. Ing tanah Mataram, Tumênggung Jayawinata ambalik ... 7

35. Tumênggung Jayawinata kapanggih kalihan Pangeran Mangkunagara, lajêng campuh pêrang kalihan wadyabala Kumpêni ... 16

36. Sultan Dhandhun Martèngsari nyaru wuwus, dipun tandangi wadyabala Sukawati, lajêng têluk dhatêng Surakarta ... 26

37. Pangeran Mangkubumi tindak dhatêng Ngayogya, lajêng kadhatêngan kengkenanipun Kumpêni saking Samarang ... 42

38. Pangeran Mangkubumi wangsul saking Ngayogya, dhatêng Sukawati, Pangeran Buminata dhatêng Sala ... 61

39. Kumpêni nglurugi Ngayogya, Pangeran Mangkubumi têtulung, lajêng katungka dhatêngipun utusan Kumpêni saking Samarang ... 75