Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 2: Pupuh: 28-39)

Judul
Sambungan
1. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 1: Pupuh: 01-17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
2. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 1: Pupuh: 18-22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
3. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 2: Pupuh: 22-27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
4. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 2: Pupuh: 28-39). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
5. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 3: Pupuh: 39-53). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
6. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 3: Pupuh: 54-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
7. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 4: Pupuh: 57-69). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
8. Babad Giyanti, Budi Utama, 1916–8, #982 (Jilid 4: Pupuh: 70-73). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
Citra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

28. Sinom

1. dadya mangsuli carita | dening rèh liyan pakarti | anunggal dhapuring kojah | awit wêwinih sawiji | obah osiking bumi | mung ratu lawan gurnadur | dadining karusakan | saking tiwas para budi | anggêgampang nêkaburi barang tingkah ||

2. kalamun dadia arja | wit eling kang para budi | sabarang solah katingal | yêkti lap lilan maknawi | lalining para budi | awit saking nikmat agung | apan wuruning

--- 2: 54 ---

dunya | adoh panggawe maknawi | nora tètèh katutuh lali ing titah ||

3. ing nguni gurnadur jendral | sêsampunira nampèni | ing lilane sri narendra | panggadhuhe wong pasisir | kawuron sarwa lali | dènnya tampi nikmat agung | tan ngetung rèh sikara | sikara iku wêwinih | kaapêsan wêwalêse rèh sikara ||

4. ing mangke gurnadur jendral | ngawruhi têlangso budi | bêbuka andangu warta | Amral Tênangkus tiniti | gènira magut jurit | nèng tanah Pajang Matarum | anane pra pangeran | ingkang samya madêg baris | alon matur Amral Tênangkus mring jendral ||

5. mêngsah cacahipun gangsal | kang katur ing tuwan nguni | duk wontên ing Surakarta | aturing pêpatih kalih | nuntên wêwah satunggil | Mangkubumi namanipun | sarêng lan angkat tuwan | lolose saking nagari | purwanipun kesah inggih saking tuwan ||

6. marmane tilar nagara | tuwan ngaturi ngêlongi | ing lêlênggahipun sawah | dene mêngsah gangsal nguni | pangeran kadang kalih | kang tiga pulunanipun | pangeran kadang Nata | Buminata Singasari | Buminata punika kang madêg raja ||

7. nèng Sêmbuyan silih nama | Sultan Dhandhun Martèngsari | dene ingkang pêpulunan |

--- 2: 55 ---

Mangkunagara satunggil | Mangkudiningrat kalih | Pangran Pamot tiganipun | mênggah ing wawratira | dèrèng nama mungsuh yêkti | bêbocahan pan amung riwuk kewala ||

8. ingkang minăngka pratăndha | yèn kula pukul ing jurit | prang sakêdhap nuntên ambyar | pothèl botên kongsi pêthil | kawonthal-ponthal[1] ngili | abdine prasamya têluk | akathah dadya rencang | sami kenging dipun kanthi | nuduhakên gustine gonê umpêtan ||

9. kang sampun kalokèng jana | jaya jayaning ajurit | amiguna ing aguna | pan inggih amung satunggil | Pangeran Mangkubumi | tanggon lamun magut pupuh | tansah ngayomi wadya | mundur lon lamun kalindhih | botên purun cidrèng prang atarung dhadha ||

10. sêktine tan pae lawan | sajêmbaring jalanidhi | bakuh ing tyas pindha arga | têtela ayuning bumi | kadi Hyang Wisnumurti | măngka pêpaku pikukuh | ing rat paramudita | kukuh ngandhêmi utami | datan kengguh kadya prabata mahendra ||

11. kontab kotamèng satriya | krêtarta bêk silastuti | têtikane pra punggawa | naracak samya bèrbudi | sabên sawiyah mantri | wikan ing wêweka putus | têtêg lamun ayuda | sêtya tuhu maring gusti | yèku măngka [măng...]

--- 2: 56 ---

[...ka] pratăndha musthikèng janma ||

12. wadyanira kang tinilar | tan wontên têluk satunggil | anêmpuh byat aprang cidra | tan ajrih ing lara pati | dèn kèdhêp ing wong cilik | pan dede suwadosipun | yèn ing mênggah kawula | inggih ing ngèlmi maknawi | wus têtela sêsêngkêraning Hyang Suksma ||

13. apan sampun ginantungan | wahyu gêng badhe linuwih | kadiparan yèn linawan | lamun kirang momot eling | sayêkti milalati | Jêng Tuwan Baron Pan Imhup | ngungun duk amiyarsa | mila nalăngsa nututi | awarana pasrah Kumêndur Samarang ||

14. marma nawala kang marang | Tuwan Kumêndur Samawis | surasane rong prakara | kang dhingin anarimani | ingkang măngka pêparing | tuwan idlir sutanipun | Jakup Mungsêl dinuta | maring Samarang pribadi | manggihakên kumêndur lan sutanira ||

15. Tuwan Kumêndur Samarang | sawusira tampi tulis | dhawuhe gurnanur[2] jendral | pan arsa dipun awaki | angipuk mirapêti | sarta nrus ing batin tuhu | kang raka sri narendra | ngaturan maringi bumi | tigang lêksa wêwahe măncanagara ||

16. sigra amatah caraka | ingkang dhatêng Sukawati | Radèn Arya Endranata | duk mayor minggah ing nguni | alungguh nèng Samawis | Arya Endranata tumut | dèn suwun [su...]

--- 2: 57 ---

[...wun] ing sang nata | sawontêne ing Samawis | Endranata dadya pangagênging jaksa ||

17. lawan malih kinanthènan | Kadilangu Pangran Wijil | kalih wus binêktan surat | budhal saking ing Samawis | dhatêng ing Sukawati | kunêng gantya kang winuwus | nagari Surakarta | mungsuh bubare kang baris | ting sarêndhul saking dènira umpêtan ||

18. sami madêg barisira | Pangeran Mangkunagari | barise anèng Gêmantar | prênah sakidul Matesih | suyut malih wong bumi | sampun agêng barisipun | Pangran Mangkudiningrat | abaris ing Kêbomati | Pangran Pamot abaris wontên Kalesan ||

19. ing Sukawati Pangeran | nuduh sakawan bupati | nganglang kinon amariksa | barisan sawiji-wiji | yèn tan patut ingalih | kang pakantuk papanipun | Sêmbuyan sami tatrap | panggènane baris lami | pêtêng malih wong nglurugi tanpa karya ||

20. kèndêle tan wontên aprang | pan amung satêngah warsi | dènnya prang satêngah warsa | mêngsah ingkang anusuli | Jêng Pangran Sukawati | bapa babune kang mungsuh | anyar dadining mêngsah | kang dadya mêngsah murwani | kabèh kandhap manut ing rèh kawisesa ||

21. gantya malih kang winarna | Jêng Pangeran Adipati | Sukawati duk sineba | andhèr kang para bupati | tuwin [tuwi...]

--- 2: 58 ---

[...n] kang para mantri | jawi lêbêt munggèng ngayun | aglar mantri pangarsa | miwah para mantri wuri | nanging dèrèng tinata têngên lan kiwa ||

22. Dipati Pugêr nèng ngarsa | sigra kang para bupati | Dyan Răngga Wirasêtika | Suryanagara Suwandi | jajaripun alinggih | Dyan Jayadirja Tumênggung | miwah Samadipura | Brajadênta Brajamusthi | sinambungan Tumênggung Rêksanagara ||

23. Tumênggung Sutadipura | Ranadiningrat lan malih | Natasingron Surajigja | Jayalêksana nambungi | dene măncanagari | Dyan Pusparana Tumênggung | Bupati Jagaraga | Warung wus ngangkat bupati | sinung nama Tumênggung Kartanagara ||

24. Dyan Tumênggung Wilatikta | ing Balora lawan malih | Ngabèi Selanagara | ing Sêsela kang palinggih | bupati ing pasisir | Dêmak Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka lawan | Suranata Adipati | Dyan Tumênggung Jipang Suradimanggala ||

25. sinambungan pra punggawa | panèwu kalawan mantri | panèkêt ngabèi dêmang | wau ta Sang Adipati | Pugêr umatur aris | amba tur uning pukulun | têlik kawula prapta | ingkang tugur ing Samawis | pun kumêndur mangke nglampahkên caraka ||

26. pun Sukarya Endranata | wus mangkat saking Samawis | kinanthèn rayi paduka | Kadilangu Pangran Wijil | mênawi benjing enjing | punang

--- 2: 59 ---

duta praptanipun | pisah wontên Majênang | abdi dalêm kang manuki | cacahipun kêkapalan kawan dasa ||

27. jêng pangeran angandika | hèh Kakang Pugêr Dipati | kaya paran rêmbugira | kalamun ingsun manggihi | apa sun lênggah kursi | apa lênggah ngisor ingsun | Dipati Pugêr sigra | nolih sagung pra bupati | anak putu kabèh kang para bupatya ||

28. kapriye pikire padha | umatur kang pra bupati | sumăngga karsa paduka | sadaya darmi umiring | Pugêr umatur aris | inggih gusti pênêdipun | praptane duta benjang | paduka lênggah ing kursi | awit saking manggihi dutaning mêngsah ||

29. majêng mangalèr paduka | ing wetan kang wontên kursi | pun Kakang Pangeran Răngga | kursi sêsaosan tami | wontên kilèn satunggil | Pangran Wijil badhenipun | dene ta pun Sukarya | nunggila kawula linggih | angandika alon wau jêng pangeran ||

30. apa kakang wus prayoga | pikirên manèh kang wêning | Endranata ipeningwang | bok ayu kang dèn rabèni | Ratu Madurêtnadi | bok sinêbut digsurèngsun | matur Pugêr Dipatya | sampun kêkathahên galih | jêng paduka satriya dibya sumbaga ||

31. kangjêng bok ayu paduka | kula kang dèn garundêli | tan gêpok sarira tuwan | de Endranata pinikir | amikir tikus mêngi |

--- 2: 60 ---

kêriga sacindhilipun | ginitês găndra pira | măngsa dadosa samênir | Endranata kakung kuluban katela ||

32. Endranata bêras wutah | kinukup dèn liwêt malih | dadi sêga sapa doyan | duk bêrase wor lan siti | tan kongsi dèn bêrsihi | iya lamun raganingsun | lalu ngêlih kewala | boya kudu mangan mingin | bok sikêpe anak Tumêgung[3] Jadirja ||

33. nora mangan pitung dina | suprandene boya sudi | gumêr sagung pra bupatya | angling malih sang dipati | Basa endranatèki | nyawa masuk ing lêlêmpung | daya lêmpunga Dêmak | lêmpunge wong Kalicacing | dèn anggoa grabah têlung dina bubrah ||

34. patut lamun kaarana | Kartinala Kalicacing | adol tike pinggir dalan | yèn ora ambarang suling | bêbarang gambang kanthi | kêndhangan cangkêm kumruwuk | lamun datan mangkana | patut barang durma mijil | nganggo têkên tinuntun malbèng kampungan ||

35. sangsaya ambata rêbah | gujênge kang pra bupati | adipati undhang-undhang | hèh sagung para bupati | iya sadina benjing | wong angon kuda lan lêmbu | aja na liya paran | padha dadia sawiji | ngulon bae anèng kiwa têngên marga ||

36. iya dalaning utusan | kang prapta saking Samawis | lan kabèh wong sabarisan |

--- 2: 61 ---

sipat lurah para mantri | padha nganggoa kêling | bêbêd ikêt sarta sabuk | alas ing kulon ika | babadana mêngko bêngi | sun gawene iya pasar pabewakan ||

37. sagung sutaning bupatya | kadang kadeyane sami | enjang padha kasukana | lesan panah lesan bêdhil | padha nganggoa kêling | kadange para tumênggung | anaa kang têtêgar | ajar kuda dèn pistuli | amanggona kanan kering pabewakan ||

38. sawetaning pabewakan | jati sana lan kêsambi | têngah pasangana omah | omah joglo mêngko bêngi | kabèh mantri pinilih | ngadua gêmak lan sawung | anak Jayalêksana | dika nganggo udhêng gilig | dika nganggo bêbêd samboja bras wutah ||

39. sruwala baludru abang | kang rinenda panji-panji | epok trêmbalo nganggoa | bêbrêngos andika pidih | hèh sira Si Suwandi | anggokêna salorokmu | dina sesuk kewala | sagunge kănca bupati | saloroke pêndhok padha sêlangêna ||

40. mring mantri pinilih padha | dimène amêmêdèni | Si Anak Jayalêksana | brêngosa[4] sacêngkang sisih | lan anak Pudhakmiring | godhèga[5] simbar kang patut | dika go jangkang kula | dika bêbêd sarung Bugis | ingkang rêga limalas darbèk manira ||

--- 2: 62 ---

41. lawan padha pêpayunga | ing sesuk mantri pinilih | sun wus karya payung kathah | ambilên ing pondhok mami | kang lagi têka wingi | cacah payung pitung puluh | laku lêlinggihira | benjang dèn angadi ragi | ngatokêna wantêr kêndêling ngayuda ||

42. sagung pra mantri pangarsa | nunggala mantri pinilih | ngadua gêmak lan sata | wetan pabewakan benjing | wong desa krigên sami | konên padha prapta esuk | yèn duta ing Samarang | lèrèn pabewakan sami | para mantri dèn kagèt budhalan seba ||

43. kabèh padha pêpayunga | dyan dipati sigra mijil | angêlar-êlar paseban | kang tan patut dèn owahi | jêng pangran pijêt galih | agèdhèg sarwi gumuyu | suka dènnya ngandika | nyata wêgig nyata julig | măngsanaa wong kang kaya kang dipatya ||

44. andhêku kang pra bupatya | tumênggung papat tut wuri | Dipati Pugêr lingira | anak padha dika bali | dika ngadhêp jêng gusti | lamun maksih dèrèng kondur | tyas kula mêlang-mêlang | dandanan dèrèng prayogi | sabên lawang-lawang sami ingowahan ||

45. lurah numbak tinimbalan | miwah lurahing saragni | prapta wus pinarentahan | wuwuha kang saos benjing | sabusananing jurit | nanging dèn padha atambuh | saragni lan panumbak |

--- 2: 63 ---

papat sisih lawang siji | para lurah ature sami sandika ||

46. wong padesan wus ngundhangan | binayar picis waradin | prasamya kinèn pêpasar | saari ywa kongsi mulih | wong angon kêbo sapi | jaran dhinawuhan sampun | aglar têpining marga | wusnya parentah waradin | tan winarna ing dalu enjang pucungan ||

29. Pocung

1. kang winuwus carakanira kumêndur | lan sarowangira | Aryèndranata wus prapti | pabewakan panggih lan mantri pangarsa ||

2. Jayèngranu ngaturi kèndêl rumuhun | badhe tur uninga | Aryèndranata ningali | langkung ngungun kuda ewon nèng pangonan ||

3. pasar agung nèng kiwa têngên dêlanggung | wong lesan sanjata | miwah wong lesan jêmparing | sawetane gumêdêr kalangan gêmak ||

4. sêlur anglur wong têtêgar ngalor ngidul | ngulon miwah ngetan | pêpinggiring wana wukir | gêmah arja sarine kadi nagara ||

5. sri gumuruh wong ngadu sawung lan puyuh | dupi amiyarsa | lamun ana tamu prapti | para mantri gita bubar samya seba ||

6. apêpayung andulur asri dinulu | jajar apêpanthan | wong Bali mantri pinilih | ting salêmplah udhêng gilig ana jangkang ||

7. langkung ngungun Aryèndranata amuwus | Adhi Wijil paran | têrah

--- 2: 64 ---

Mataram puniki | saênggone têka linulutan janja ||[6]

8. dadosipun sintên nyana wonge agung | tur apelag-pelag | akèh wong gagah rêspati | jujug sintên adhi pênêde ing lampah ||

9. lon sumaur Pangran Wijil pênêdipun | jujug ri sampeyan | Martapura Adipati | pinituwa barang rèh măngka manggala ||

10. liyanipun samya nèm dèrèng tinantun | pun Suryanagara | Jayadirja lan Dipati | Suranata Dyan Răngga Wirasêtika ||

11. pan sadarum bupati yêkti kawêngku | ing rayi sampeyan | inggih Pugêr Adipati | nulya prapta punggawa mantri pangarsa ||

12. Jayèngranu alon wau têmbungipun | suwawi lajênga | ri paduka kang ngaturi | Adipati Pugêr sampun mangkat sowan ||

13. kerit laju dutane tuwan kumêndur | nèng marga kapapag | lawan Pugêr Adipati | sêsarêngan dènnya mudhun saking kuda ||

14. wusnya cundhuk Dipati Pugêr amuwus | bature mondhoka | ing kana pakuwon mawi | kakang karo banjur barênga lan ingwang ||

15. iya mupung kangjêng gusti durung kondur | pinarak paseban | paseban lun-alun sami | pan gumêlar saking kathahing têtiyang ||

16. Dyan Tumênggung Ranadiningrat kapêthuk | angêmban parentah | nimbali [ni...]

--- 2: 65 ---

[...mbali] sang adipati | angirida duta kang saking Samarang ||

17. sigra laju sang dipati lampahipun | sarêng lan caraka | Endranata duk ningali | dahat ngungun kèhing janma nèng paseban ||

18. korinipun mung kêkalih pangkatipun | kori kang sapisan | pasebane tiga sisih | sami joglo bêntêt isine kang seba ||

19. ênggènipun sadaya kang pra tumênggung | busana bra mubyar | lir panjrahing puspita sri | asri tinon maneka warna bra sinang ||

20. lêbêtipun malih paseban gung-agung | cacahe sakawan | ênggène mantri pinilih | anèng ngriku kèndêle Pugêr Dipatya ||

21. nulya katur maring gusti praptanipun | caraka Samarang | kerid Pugêr Adipati | ingkang para bupati sigra ngandikan ||

22. malihipun pra mantri ing ngarsa pungkur | sami ingandikan | sarêng lan mantri pinilih | busana bra kêkêling kalawan sutra ||

23. pamèripun wong Samarang pêndhak Mulud | lan pêndhak Riyaya | padinan wong Sukawati | Endranata sipat kuping gêtunira ||

24. rakitipun duk ngandikan pra tumênggung | atata priyăngga | tuwin gèn mantri pinilih | samya anèng jro taratag pasanggrahan ||

25. gèning tamu wus rinakit dunungipun | sigra tinimbalan | sira radyan adipati |

--- 2: 66 ---

kinon ngirid lêbête dutèng Samarang ||

26. wus malêbu lan caraka kalihipun | jumênêng pangeran | munggèng sangajênging kursi | Pangran Răngga tumut angadêg sakêdhap ||

27. urmatipun mring Pangeran Kadilangu | pangeran ngandika | suwawi ing ngriki adhi | Endranata arsa tumut gya cinandhak ||

28. sarwi bêkus Dipati Pugêr amuwus | ing ngriki kewala | tunggil lan kula alinggih | nulya anut linggih Arya Endranata ||

29. ênggènipun Pangran Wijil Kadilangu | kilèn majêng ngetan | Pangran Răngga gènnya linggih | anèng wetan amangilèn ajêngira ||

30. suratipun kumêndur sigra pinundhut | Arya Endranata | kang bêkta tinampèn nuli | mring dipati laju katur jêng pangeran ||

31. binuka wus mangkana ing wuryanipun | pèngêt kang pustaka | tulus miyos ing tyas suci | pawong mitra ingkang satuhu sih trêsna ||

32. saking ulun Tuwan Hondhorêp Kumêndur | ing nagri Samarang | ingkang misesa mêngkoni | pasisiring Jawa bang êlèr sadaya ||

33. wrananipun Kangjêng Kumpêni kang agung | kang băndha prakoswa | tabe winantu pêpuji | puja arja raharjaning pawong mitra ||

34. mugi katur mitra ingkang sumbaga nung | Jêng Gusti Pangeran | Adipati Sukawati | sênapati ing prang pramuka [pramu...]

--- 2: 67 ---

[...ka] jayèngrat ||

35. kang marta yu mangayuh ayuning ayu | kaloka ing jana | prawira waskithèng wangsit | putus titi têtika ing tri bawana ||

36. têtêk têguh tan keguh amurwèng pupuh | yayah Hyang Kesawa | jaya jayaning ajurit | jro rat Jawa rinata wus anèng asta ||

37. prawira nung tan gumunggung ambêk digung | katon wela-wela | têtela ayuning bumi | musthikaning têrah Narendra Mataram ||

38. wiyosipun kula umatur satuhu | yèn eyang paduka | Kangjêng Gurnadur Batawi | wus karasa rinasa saya rumăngsa ||

39. purwanipun paduka nêmaha pupuh | sisipe pun eyang | kirang titi analiti | amêmardi wrêdining atur druhaka ||

40. marmanipun radpêni ingkang panuwun | paduka ngaturan | kondur dhatêng ing nagari | têrang raka paduka jêng sri narendra ||

41. dadya tunggul sagung prajurit sawêgung | lêstantun anama | jêng gusti pangran dipati | senapati ing prang pramuka jayèngrat ||

42. sinung wangsul Sukawati tigang èwu | malah winêwahan | siti ing măncanagari | tigang lêksa sanèsipun Sukawatya ||

43. dhuh dhuh adhuh paduka mugi dèn emut | emut kadang tuwa | datan ana kang ngawati | amranata tata arjaning rat [ra...]

--- 2: 68 ---

[...t] Jawa ||

44. inggih lamun paduka arsa angrêmuk | ngrêmuk nuswa Jawa | sayêktine bosah-basih | sirna gêmpang sintên ingkang purun malang ||

45. risakipun nuswa Jawi yèn kalantur | sintên kang kecalan | yêkti paduka pribadi | titi tamat kadriya raosing sêrat ||

46. sawusipun winaos mriyêm jumêgur | sawetan gêdhogan | pamanggène tan kaèksi | kaping sapta pangeran sigra ngandika ||

47. maring tamu hèh Endranata sirèku | padha kaslamêtan | bok ayu apa basuki | matur nêmbah Radèn Arya Endranata ||

48. salamipun bakyu paduka pukulun | manthuk Jêng Pangeran | Endranata matur malih | gih bok ayu paduka ngintuni dhêsthar ||

49. mung têtêlu modang sêmukiranipun | kang satunggil sawat | ênggène nyêrat pribadi | lan bok ayu paduka angarsa-arsa ||

50. dipun emut paduka mring kadang sêpuh | sintên kang angeman | risakipun nuswa Jawi | datan liyan sayêkti amung paduka ||

51. ngandika rum wus bênêr bok ayu iku | ingsun iki nora | nêdya salah ing nagari | amung nêdya suwita ing kadang tuwa ||

52. sêtya tuhu sumungkêm anrus ing kalbu | tan pêgat rumêksa | tata arjaning nagari | mamrih kontap kotamaning

--- 2: 69 ---

jêng sri nata ||

53. eman ewuh rêmak rêmpu pan katêmpuh | bot repoting praja | tan kumêdhèp praptèng pati | sun andhêmi dadi bantêning nagara ||

54. mugên mungkul lah mara cacadên ingsun | mungsuh wong lêlima | nora minta bantu mami | praptaning don ingsun agung sinikara ||

55. ya dèn katur mring bok ayu atur ingsun | nora kakilapan | lêlakone awak mami | dèn niyaya saajang-ajanging ajang ||

56. sapa wêruh dadi ajur kumur-kumur | yêkti wus nêmpuh byat | luluh lêbur dèn lakoni | Allahuma wah bimlana bil kaeran ||

57. luwih ewuh gaib karsane Hyang Agung | iya pirabara | lamun anêmu basuki | tan bêbakal yèn Allah akarya rusak ||

58. èsthiningsun sumarah Hyang Maha Luhur | Kang Murba Misesa | Pugêr sigra anambungi | hèh mênênga sira iku Endranata ||

59. nora arus sira arsa jabung alus | datan kulak warta | adol parungu kang dêling | bandhol ngrompol iku wong ing Sukawatya ||

60. ênggon wêlut dèn doli udhèt tan patut | mundhak kawanguran | mungsuh dhawuk Sukawati | aja kaya wêdhus dèn umbar kacangan ||

61. sok mêcucu anggêre bisa calathu | bingèn ana apa | sawah têlung èwu uwis |

--- 2: 70 ---

barang tingkah nora nganggo ngarah-arah ||

62. nora etung mung panastèn bae ketung | iki jêng pangeran | dudu sira lawan mami | lamun sira dèn cukur măngsa găndraa ||

63. dhingin iku mung sêsawah têlung èwu | nyakarsa kawăngwa | dèn labuhi lara pati | sagawene gone rumêksa nagara ||

64. ingkang mau sapa dèn tandhingkên ingsun | bupati sajagad | mung jaginggis ting paringis | Sukawati sun rewangi pêpincangan ||

65. barêng uwus ana kang bisa angrêbut | padha panas driya | wong jail pating kathuwil | gustiningsun mêngko wus nêmaha nekad ||

66. wus anglalu êmbuh dadine ing pungkur | mêngko dèn rêrêpa | yèn anuta dèn opahi | atêtombok bumi manèh têlung lêksa ||

67. wong gung-agung iya pijêr padha ngantuk | datan kaelingan | yèn Pangeran Mangkubumi | sutèng raja kang amutêr tanah Jawa ||

68. padha pêngung wong sapraja kabèh kumprung | pangran dèn pêpadha | kaya andêkêp cêcindhil | mêngko priye dene padha andhêdhêpa ||

69. wong wis labuh kalah sirna mênang ngukup | nora cipta gêsang | pirabara nêmu urip | yèn taliti Mataram yêkti mangkana ||

70. pae ingsun lawan sira kadi wêdhus | pikire butuhan |

--- 2: 71 ---

dèn wèhi sukêt sasuwir | sumarinthil datan ngetung wurinira ||

30. Pangkur

1. nauri Aryèndranata | Adhi Pugêr bênêr wuwusirèki | pan ingsun panggonan luput | nanging ta kaya paran | wong kêkadang măngsa isin bangêr arus | jênênge tuwa kawogan | anggêgendholi wong lali ||

2. angling malih sang dipatya | jêlèh bosên pikir nora wêwinih | pikir luput katarucut | kaping pat kaping lima | mula bubrah jagade agung rahuru | rasane uwis karasa | biyang gaweyane patih ||

3. kang pikire mamak rupak | pothar-pathir puthêr pating kuthikir | nora pênthèr ting kathuthur | kêthêr kang akêkancan | ngêndi ana wong tulung têka dipênthung | akêkudhung lulang macan | mrih sirna kang ngrêregoni ||

4. gone andhêplok nagara | mêlok melik muluk rajabrana di | durga ngăngsa-ăngsa ketung | reyal ingkang katingal | sabên karya punggawa mantri panèwu | nora nganggo pilih papan | kêcing-kêcing diraupi ||

5. apa pacêklak wong mana | gawe Patih Pringgalaya madati | lan Tirtawiguna iku | padha adol nagara | kanthi jail muthakile kadalurung | nora têtêp antêpira | rusuh angrêsiki bumi ||

6. jêng pangeran angandika |

--- 2: 72 ---

Endranata miwah Si Adhi Wijil | dika makuwon karuhun | mring gène kang dipatya | mangke ratri kula karya angsul-angsul | enjinge andika mangkat | mantuk marang ing Samawis ||

7. pamit mundur kalihira | amakuwon wismane Dyan Dipati | Pugêr kang angirid mantuk | pra bupati sadaya | samya ngiring dhatêng kapugêranipun | dyan dipati wus maragat | wingi maesa kêkalih ||

8. lawan wêdhuse sakawan | opor sèkêt-sèkêt panggange pitik | Pugêr kadi wong mêmantu | prapta tata alênggah | wedang maju Aryèndranata sru muwus | marang Pugêr Adipatya | wong setanên sira iki ||

9. dene makuwon nèng wana | dandanane ngluwihi wong Samawis | Dipati Pugêr amuwus | iki aran wong lanang | sayêktine kamurahaning Hyang Agung | măngsa dadak kaya sira | gêlêm dadi kuli-kuli ||

10. sanadyan olèha rahmat | rahmat setan gumêr kang pra bupati | wontên jodhang kalih rawuh | saking ing pasanggrahan | mring Dipati Pugêr wau dhawuhipun | punika pêparingira | dhatêng tamu ingkang prapti ||

11. Adipati Pugêr nulya | dhawuhakên wau dhatêng têtami | ature prasamya nuwun | nulya dèn dhunkên samya | wêwadhahe sêmăngka durèn myang mundhu | prasamya bokor salaka |

--- 2: 73 ---

wadhahe pijêtan manggis ||

12. jêruk jirak lan sarangan | jambu salak talês gêmbili uwi | malinjo gayam kapundhung | sami bokor kancana | saya eram Endranata dènnya dulu | lajêng prasamya dhaharan | lan sagung para bupati ||

13. duta rêrêp mung sadina | lan sawêngi wontên ing Sukawati | sampun atampi wêwangsul | lajêng pamit umangkat | tan kawarna ing marga Samarang rawuh | katur kang sêrat wangsulan | mring Kumêndur ing Samawis ||

14. binuka sinuksmèng driya | suraose kadi duk amangsuli | mring Endranata ing dangu | kumêndur langkung kewran | atanya ris marang duta kalihipun | kapriye polahe kana | dene têka ngadi-adi ||

15. nampik bumi têlung lêksa | têlung èwu apa kang dèn karsani | iyèku wangsulanipun | panggawe wus kaliwat | dhingin amung trima sawah têlung èwu | mêngko kasèp duk kaswara | sapa wruh tibaning pati ||

16. nora angetung wêkasan | ora jamak apa bisa nglakoni | Aryèndranata turipun | tuwan kawula eram | kèhe wenge[7] tan măntra-măntra wong dhusun | apênêt tur pelag-pelag | busanane sarwa adi ||

17. jro wana dados nagara | pratingkahe lir wontên jroning puri | tuhu yèn winong Hyang Agung | tan wontên [wontê...]

--- 2: 74 ---

[...n] kêkirangan | prabawane kadya kamulyaning ratu | kumêndur sru kawêdhêngan | sigêg angupaya budi ||

18. gantya ingkang kawursita | pra pangeran kang samya madêg baris | kidul myang wetan praja gung | Pangran Mangkunagara | kang abaris anèng ing Gumantar dhusun | milihi wong kang prayoga | pinacak dadya prajurit ||

19. sampun agung wadyanira | kêkapalan ginunggunga watawis | wontên sèwu malah langkung | jêng pangeran wus dhawah | Ki Ngabèi Răngga Nambangan ingutus | akanthi Kudanawarsa | kapanggih mring ajar kalih ||

20. amundhut tambur bandera | pusaka sing ardi adêg ing nguni | sabên baris karya tunggul | kang rayi kalihira | prajurite kêkapalan gangsal atus | Pangeran Mangkunagara | ingkang dadya pramugari ||

21. tansah sowan mring Jakawal | nèng Jakawal ngantos ing pitung ari | datan lami wangsulipun | kadhang samadya căndra | tugur anèng Jakawal kasukan nutug | abên-abên sawung gêmak | langkung sagêd ngambil galih ||

22. lamun sowan ingkang rama | prajurite pinilihan kang bêcik | kêkapalan sangang atus | wolu likur bandera | wus pinarêng jodho pangran ngambil mantu | dadya kapanggih nak-sanak | Dyan Ajêng Intên kang wangi ||

23. Dyan Ajêng Bruwok pêparab | dhaup [dhau...]

--- 2: 75 ---

[...p] ari Saptu Bêsar kang sasi | ping păncawlas tanggalipun | nuju Êbe kang warsa | sagung ingkang bupati prasamya kumpul | sangkalanira ingetang | sêmbah sapta rasa siji |[8][9]|

24. jêng pangran dhatêngkên suka | andrawina lan sagung pra bupati | pitung ari laminipun | sawusira mangkana | ingkang garwa kalilan binêkta kondur | dhatêng barisan Gumantar | nutug dènnya akaron sih ||

25. wusnya amiwaha putra | Jêng Pangeran Dipati Sukawati | senapatining prang pupuh | ing pramuka jayèngrat | miyos siniwakèng wadyabalanipun | pêpak andèr ambalabar | dhawuh mring para bupati ||

26. kinon angêlar jajahan | angêngirup dhusun jawining nagri | Surakarta kang ingutus | Tumênggung Jayadirja | Răngga Wirasêtika katiganipun | Tumênggung Suryanagara | tindhih Pugêr Adipati ||

27. dhinawuhan baris langkap | sakilène Wanakarta tan têbih | Ranadiningrat Tumênggung | lawan Rêksanagara | kinon anèng Pacangakan barisipun | kang liningan sigra budhal | praptèng papan pacak baris ||

28. ngirup tiyang padhusunan | kang tinêkan suyut tur pati urip | datan ana ingkang purun | malih kang cinarita | ingkang lagya kawêdhêngan mangun rêmbug |

--- 2: 76 ---

Idlir Kumêndur Samarang | gêlêng golong ingkang pikir ||

29. atur sêrat sri narendra | miwah sêrat mring Pangran Sukawati | mawi akanthi kêkintun | bludru renda sangkêlat | sutra ijo irêng abang miwah êmur | surasane kang pustaka | kumêndur atur udani ||

30. lamun arsa palakrama | pangran pinrih kèndêl amangun jurit | wit tur uninga kumêndur | mring raka sri narendra | bok manawi sang nata kaparêng rawuh | dhatêng ing nagri Samarang | ywa kongsi ribut ing wuri ||

31. lamun kangjêng narèswara | sampun kondur mring Surakarta nagri | sumăngga sakarsanipun | lamun arsa magut prang | dene sêrat ingkang konjuk sang aprabu | mangkana suraosira | kumêndur atur upêksi ||

32. lamun arsa palakrama | antuk sutanipun Idlir Batawi | Jakup Musêl julukipun | idlir prapta priyăngga | Hogêndhorêp minta pangèstu sang prabu | raharjaning mangun krama | basukia ing salami ||

33. ewa makatên manawa | wontên lunturing sih jêng sri bupati | kaparêng panujwèng kayun | nêdhaki mring Samarang | anjênêngi ing dintên panikahipun | sayêkti kalingga murda | sih dalêm pinundhi-pundhi ||

34. ngiras pantês pêpanggihan | lawan Idlir Jakup Musêl Batawi | yèn sang nata karsa [kar...]

--- 2: 77 ---

[...sa] dhawuh | mangun raharjanira | nuswa Jawi idêlir sayêkti cukup | nampèni karsa narendra | măngka sulihing Kumpêni ||

35. kumêndur amatah duta | bêkta sêrat dhatêng ing Sukawati | miwah konjuk jêng sinuhun | gantya kang kawuwusa | nagri Surakarta kangjêng sang aprabu | ingkang wiyoga sungkawa | saking rêruwêting bumi ||

36. mêngsah sangsaya angrêbda | duk samana nuju ari Rêspati | miyos maglaran sang prabu | andhèr ingkang sumewa | pra bupati panèwu mantri supênuh | sagung satriya nèng ngarsa | miwah sang anindya mantri ||

37. Dyan Dipati Pringgalaya | Sindurêja jajarira alinggih | sri narendra sigra dhawuh | lamun parênging karsa | Pangran Arya Mataram sinung jêjuluk | Pangran Arya Buminata | têtêp dadya pramugari ||

38. para santana narendra | lawan malih kang kinarsan gêntèni | lênggahipun Singaranu | bupati numbakanyar | kaliwone ingangkat sinung jêjuluk | Dyan Tumênggung Cakrajaya | kang sewaka saur pêksi ||

39. jumurung karsa narendra | sawusira sang nata dangu warti | mring dipati kalihipun | ênggènipun kang mêngsah | pra pangeran lawan dangu wartinipun | ingkang rayi Jêng Pangeran | Ariya Amangkubumi ||

40. matur Dipati Sindurja | rayi dalêm Pangeran [Pange...]

--- 2: 78 ---

[...ran] Mangkubumi | nèng Jakawal barisipun | ngadêgkên pawatangan | nanging mangke pan botên jumênêng ratu | mung ngalih nama Pangeran | Adipati Sukawati ||

41. senapati ing paprangan | putra tuwan Pangran Mangkunagari | pan sampun ingambil mantu | kathah para bupatya | măncapraja pasisir ingkang anungkul | Garobogan Warung Blora | Jipang Dêmak Jagaragi ||

42. samya sowan rayi tuwan | malah angsal wêwah andêling jurit | abdi manggalaning pamuk | tyang Bali kawan dasa | ingkang kalih jinunjung nama tumênggung | rowangipun sinung lênggah | kinarya mantri pinilih ||

43. punggawane ri paduka | kang mangilèn ing Langkap gène baris | sakawan bupatinipun | Tumênggung Jayadirja | lawan Răngga Wirasêtika pukulun | Tumênggung Suryanagara | inggih punika Suwandi ||

44. tindhihipun pun Paridan | mangke sinung nama Pugêr Dipati | mèsêm ngandika sang prabu | Si Suwandi nèng kana | Si Paridan têgêse bêbotohipun | pira dohe saka praja | Sindurêja awotsari ||

45. Langkap kilèn Wanakarta | angêngirup tyang dhusun kanan kering | salingsir wetan pukulun | saking ngriki têbihnya | ingkang wetan Pacangakan barisipun | Tumênggung Ranadiningrat | Tumênggung Rêksanagari ||

46. kang kidul Mangkudiningrat |

--- 2: 79 ---

juluk Pakuwaja nèng Kêbomati | Pamot Kanitèn jêjuluk | baris wontên Kalesan | alon dènnya ngandika jêng sang aprabu | sapa aran Pakuwaja | Sindurêja awotsari ||

47. putra Tuwan Dyan Mas Sabar | ingkang nama Pangran Kanitèn Gusti | Dyan Mas Sambiya pukulun | dene putra paduka | ingkang sêpuh Dyan Mas Sahid kang jêjuluk | Pangeran Mangkunagara | nèng Gumantar dènnya baris ||

48. suyut malih tiyang desa | sampun pêtêng margi dhatêng Matawis | ing Sêmbuyan Sultan Dhandhun | pulih sampun angrêbda | mantuk malih tigang dhomas ardi kidul | sri narendra angandika | Buminata sun arani ||

49. wong ngalompro tanpa karya | kang kaèsthi amung parawan sunthi | Sindurêja lan si oprup | sira asamêktaa | mukul mungsuh iya ing sadina sesuk | kang nèng kulon Wanakarta | kanthia bocah bupati ||

50. ing jaba Si Pakuningrat | lawan bocah bupati jro kêkalih | Nitidiningrat Tumênggung | myang Si Tirtawiguna | Adipati Sindurêja tuwan oprup | prasamya matur sandika | gya luwaran sang siniwi ||

51. ing dalu tan winursita | enjangira oprup lan dyan dipati | anata prajuritipun | Kumpêni lan kang dharat | Bali Bugis Makasar cacah rongatus |

--- 2: 80 ---

kêkalih kapitanira | Barak Tolong kang nindhihi ||

52. drahgundêr satus atarap | pra bupati sawadya wus miranti | balabar andhèr supênuh | prajurit kêkapalan | winatara wontên sèwu malah langkung | oprup anêmbang têngara | sigra budhal saking nagri ||

53. kunêng malih kang winarna | sadèrènge kangjêng sri narapati | utusan amukul mungsuh | kilèning Wanakarta | Jêng Pangeran Sukawati tampi sampun | sêrat saking ing Samarang | kanthi kintunan wèh kingkin ||

31. Asmaradana

1. Jêng Pangeran Adipati | Sukawati sawusira | maos kumêndur sêrate | sigra dènira utusan | bubarkên barisira | pra punggawa kang tinuduh | angêlar-êlar jajahan ||

2. samya tinimbalan mulih | mring pakuwon Sukawatya | mituruti pamintane | Tuwan Kumêndur Samarang | karsanya jêng pangeran | mamrih utamaning laku | aywa kongsi aprang nistha ||

3. sagung kang para bupati | ri sampuning tampi dhawah | kêbut sawadyabalane | Dipati Pugêr wus kathah | dènnya antuk têlukan | sapangulon sapangidul | lèr kali Pepe kewala ||

4. sami mêmacêki mantri | warata kang srat parentah | baris Langkap bubar kabèh | mangkana oprup lampahnya | mèh

--- 2: 81 ---

prapta Wanakarta | wontên têlik saos atur | mring Pangeran Pakuningrat ||

5. yèn mêngsah wus bubar wingi | mung kantun mantri satunggal | Ki Ngabèi Amad Salèh | kang têngga ing Wanakarta | gya Pangran Pakuningrat | pratela mring tuwan oprup | lamun mêngsah wus bubaran ||

6. ngandikan mring Sukawati | mung tilar mantri satunggal | Ki Ngabèi Amad Salèh | Tumênggung Suryanagara | Răngga Wirasêtika | Dipati Pugêr Tumênggung | Jayadirja saha bala ||

7. wus bubar tan ana kari | oprup langkung cuwanira | asru banting topiyone | lah dawêg lajêng pangeran | nadyan siji botêna | Ngabèi Mad Salèh wau | alah mulih tanpa karya ||

8. sae laju magut jurit | nadyan kêdhika botêna | Ki Ngabèi Amad Salèh | wontên kapal tigang dasa | Mad Salèh balanira | oprup ngundhangi drahgundur | lamun wus prapta padesan ||

9. aywa ngetung gêdhe cilik | sipat lanang tinumpêsan | sampun lajêng panganjure | sira Dyan Suraprameya | andêl Pakuningratan | Dyan Tirtawijaya juluk | lan Radyan Sutadiwirya ||

10. Ngabèi Mad Salèh uning | lamun kadhatêngan mêngsah | têngara ngungkung bêndhene | wus mêdal saking padesan | mapane ngara-ara | katon untabe [unta...]

--- 2: 82 ---

[...be] kang mungsuh | ewon lan kanthi Walănda ||

11. sigra dènira ngoncati | angalèr sabalanira | Ki Ngabèi Amad Salèh | banderanira binabar | bêndhe ngungkung tinêmbang | wong Jawa sami bêbujung | Kumpêni malêbèng desa ||

12. dèrèng wontên wong kang ngili | sajrone ing Wanakarta | oprup kalangkung dukane | cuwa mangsah ngangah-angah | tan kêna wong katingal | pamêdhange goprak-gapruk | tuwa rare sipat lanang ||

13. puyêngan pating jalêrit | gumêr otêr mawurahan | sira Oprup Totlomondo | langkung mawêrdi krodhanya | kadya yêksa mêmăngsa | pêpati sungsun matimbun | latar kêbon jroning wisma ||

14. miwah ta sajroning masjid | wontên tiyang pitung dasa | jaka kaki-kaki rare | sampun tinumpês sadaya | wontên juga wong tuwa | nguni lungsuran pangulu | duk arjane Kartasura ||

15. nuwun kèndêl dèn lilani | pinanci pinaring pangan | wontên dhusun ing Gêgodhong | nanging sabên balanira | pangeran lan Walănda | campuh prang wontên ing ngriku | laju ngili Wanakarta ||

16. mantune ingkang mondhongi | Ki Ngabèi Saradipa | wus pinarêng ing ajale | nora kêna asêsambat | wus milu pinêjahan | akarya eram kang dulu | saênggon-ênggon [saênggo...]

--- 2: 83 ---

[...n-ênggon] pêpêjah ||

17. lir pendah bêbadan pacing | drahgundêr satus kang mêdhang | katuwukkên akèh melot | miwah poporing sanjata | akathah ingkang sigar | wusnya sirna wong sadhusun | oprup lan mantri wisesa ||

18. miwah katiga bupati | budhal saking Wanakarta | langkung kathah jarahane | dalu praptèng Surakarta | ing wanci bakda Ngisa | lajêng tumamèng kadhatun | matur solahing dinuta ||

19. lamun Pugêr wus gumingsir | amung mantrine kewala | pun Ngabèi Amad Salèh | punika ingkang anglawan | langkung mêmanasing tyas | dhusun kang anut ing mungsuh | dadya dèn gêmpur sadaya ||

20. sri narendra ngandika ris | iya bênêr karêpira | iki mungsuh mundur kabèh | kang wetan wus padha bubar | kidul uga mangkana | tan ana nêlukkên dhusun | kajaba kang wus kèdêgan ||

21. oprup sampun pamit mijil | enjinge caraka prapta | bêkta kumêndur sêrate | kang wus kawarna ing ngarsa | oprup gya manjing pura | surat katur ing sang prabu | binuka sinuksmèng driya ||

22. sang nata ngandika aris | oprup iki kang surasa | iya Kumêndur Hondhorop | tur uning yèn arsa krama | antuk idlir sutanya | Jakup Mungsêl jênêng ingsun | arsa têdhak jênêngana ||

--- 2: 84 ---

23. Si Hondhorêp gone rabi | sira nulisa rêmbuga | lan dipati sakarone | prayogane ari tanggal | têdhak sun saka praja | lawan sapa ingkang tugur | sarta dhèrèk jênêng ingwang ||

24. oprup tur sandika mijil | sapraptanira ing jaba | wus panggih lan patih karo | dadosing pirêmbagira | oprup lan sang dipatya | Soma juga tanggalipun | prayogining têdhak nata ||

25. kang tugur têngga nagari | Adipati Sindurêja | Arya Mlayakusumane | Tumênggung Kartanagara | Pangeran Pakuningrat | lan Wiraguna Tumênggung | liyane saking punika ||

26. kêrig dhèrèk mring Samawis | dene Bupati Majêgan | ing Mataram sakarone | Tumênggung Jayawinata | Rajaniti kanthinya | datan dhèrèk kantun tugur | anèng tanah ing Mataram ||

27. pra santana ingkang kari | Jêng Pangeran Buminata | sarèhe panêngên kabèh | dene prajurit Walănda | kang dharat kawan dasa | rumêksa jêmpana prabu | drahgundêre wolung dasa ||

28. oprup lawan nindya mantri | sawusnya dadi kang rêmbag | prasamya malbèng kadhaton | umatur jêng sri narendra | sadaya rêmbagira | amarêngi sang aprabu | oprup lawan sang dipatya ||

29. mêdal aparentah nuli | angrukti [angru...]

--- 2: 85 ---

[...kti] pirantinira | praptane ing ari Sênèn | tanggal pisan sasi Sura | nuju Wawu kang warsa | jêngkarira sang aprabu | saking nagri Surakarta ||

30. sinêngkalan têdhak aji | gunaning rêsi bah ing rat |[10][11] mung laku lancaran bae | wadyabala jro nagara | sagung bupati jaba | kang sami lumakyèng ngayun | bupati jro anèng wuntat ||

31. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom Amêngkunagara | Sudibya Raja putrane | risang Narendra Mataram | mandhirèng Surakarta | dhèrèk sarêng tuwan oprup | jajar wahana turăngga ||

32. têdhak dalêm tigang ratri | idlir kumêndur mêthuknya | myang bupati pasisire | nèng salèring Payungpudhak | satus drahgundêrira | wong Surakarta kèh pandung | Hondhorêp mantun sarigak ||

33. mantun prak ati apêkik | manise sêbut kewala | wudharing badan gêdoblo | andhingini udhunira | idlir kumêndur mara | amurugi sang aprabu | tabe kumêndur karuna ||

34. kasêsêkên dènnya nangis | sigra ngaturkên pêthukan | rata wau twan idêlèr | gya nitih tunggil kareta | laju samya lêlampah | diwasa baskara surup | rawuh nagri ing Samarang ||

35. sarawuh dalêm ing loji | umyang Kodhokngorèk [Kodhokngo...]

--- 2: 86 ---

[...rèk] ngangkang | binarung êdrèl swarane | Carabalèn myang pradăngga | mariyêm magênturan | kadi angrubuhna gunung | gêgêtêri kang miyarsa ||

36. laju lênggah trun sang aji | idlir langkung kurmatira | ngungun dènnya sangêt sihe | dhatêng badhe mantunira | paran winalêsêna | sih dalêm jêng sang aprabu | kang satuhu tanpa timbang ||

37. satêngah wolu sang aji | mring Pragota masanggrahan | idêlir andhèrèkake | anitih tunggil sarata | jêng pangran adipatya | anunggil rata kumêndur | sawusnya praptèng Pragota ||

38. wong agung kalih nulya mit | enjinge idêlir prapta | lawan kumêndur sarênge | sowan tuwi jêng sri nata | wusnya lênggah watara | nulya pamit sarêng mundur | antara ing tigang dina ||

39. sri narendra lan jêng gusti | dèn aturi jênêngana | kumêndur ing panikahe | idêlir mêthuk priyăngga | bêkta kalih kareta | badhe titihan sang prabu | miwah jêng pangran dipatya ||

40. idêlir nganthi sang aji | inggahipun ing kareta | duk ngancikan pancadane | jêplak wêsinira pokah | mêsat garègèl samya | tibèng siti duk andulu | idêlir kagyat ing driya ||

41. dangu dèn iling-ilingi | nora pantês yèn putunga | dene santosa prantine | idlir dahat kagawokan |

--- 2: 87 ---

ngunandika jroning tyas | apa baya sang aprabu | dêduka mring jênêng ingwang ||

42. idêlir umatur aris | sri narendra ingaturan | wangsul lênggah nyarèhake | idêlir sigra utusan | amundhut santun rata | amerang sajroning kalbu | nanging sinamun ing nêtya ||

43. tan antara rata prapti | idêlir matur ngrêrêpa | angaturi têdhak katong | myang jêng pangran adipatya | saksana sigra têdhak | idlir tunggil rata prabu | jêng gusti pangran dipatya ||

44. nitih rata oprup tunggil | kêbut ing sawadyakuswa | prapta loji gung kurmate | sawusira paripurna | panikahe pangantyan | mangun kasukan sang prabu | sêsugun mawarna-warna ||

45. satêngahe pukul katri | konduripun sri narendra | antara kalih arine | idlir sowan ing sang nata | kumêndur atut wuntat | prapta pasanggrahan tundhuk | idlir alon aturira ||

46. dhuh pukulun sri bupati | kawula dipun pitungkas | ing kaki tuwan sang katong | umatur paduka nata | lamun jêng tuwan jendral | ing mangke nalăngsa tuhu | rumaos ing sisipira ||

47. dene nguni angaturi | pamrayogi sri narendra | ngêlongi sabin lênggahe | ri Paduka Jêng Pangeran | Mangkubumi kang dadya | manggalèng [mangga...]

--- 2: 88 ---

[...lèng] prajurit punjul | kirang titi pamariksa ||

48. gurnadur tan ngintên yêkti | lamun dadya galihira | ngluwihi para kadange | mangkya atêmah putungan | nispala wawan-wawan | Walandi kang sampun lampus | ing prang satus kawan dasa ||

49. Kumpêni Islam kang mati | kawan atus pitung dasa | mung kaping tiga yudane | amêngsah rayi paduka | Mangkubumi Pangeran | yèn kalajêng bêndunipun | saèstu awrat sinăngga ||

50. kumêndur sampun ngrêmbagi | dipun êbang tigang lêksa | lan tigang èwu punjule | ngaturan kondur mring praja | sowan ing padukèndra | nanging kêkah botên keguh | sampun nêmah anêmpuh byat ||

51. marma lamun sri bupati | kaparêng panujwèng karsa | ingindhakan pangêbange | sri narendra angandika | iya sakarsanira | lawan karsane gurnadur | ingsun mung nyarah kewala ||

52. wit ingsun liwat prihatin | duk gurnadur darbe karsa | ngêlongi gêgadhuhane | lungguhe sawah yayi mas | ingsun kongsi sêsambat | mantunira si kumêndur | padha susahe lan ingwang ||

53. Yayi êmas Mangkubumi | prawira ambêk pasaja | awêkêl ing bêbudène | durung tau wani cidra | marang ing kadang tuwa | rumêksa têmên nrus kalbu | tan kumêdhèp lamun yuda ||

--- 2: 89 ---

54. măngka manggalèng prajurit | awantêr putus ing gêlar | sun dhawuhna akèh-akèh | Hogêndhorêp iya uga | wus nyipati priyăngga | lamun angawaki pupuh | mungsuh pangeran lêlima ||

55. dèn ijèn bae tan kongsi | dadi gawèning nagara | mêngko sun mung masrahake | lamun kêna tinututan | gêlêm mulih mring praja | seba marang jênêng ingsun | aja angarani sawah ||

56. pira-pira sun turuti | panjaluke yayi êmas | kadang kang dadya tyas ingong | rowang rumêksa nagara | yèku kang wus têtela | iya dadi kanthiningsun | karya mêmanising praja ||

32. Dhandhanggula

1. Idlir Jakup Mungsêl turira ris | yèn makatên inggih botên susah | prakawis katêlangsone | kaki tuwan gurnadur | botên tuwan nutuh nambuhi | nadyan tan saking tuwan | inggih purwanipun | lamun tuwan ngêkahana | bok winastan kirang pracayèng Kumpêni | makatên tyas paduka ||

2. botên tiwas saking padukaji | inggih pun kaki gurnadur jendral | ingkang tiwas panggawene | paduka sampun langkung | dene kadang kang dadya kanthi | kinarsakkên ing jendral | lorot lênggahipun | paduka datan suwala | botên kirang kadarman jêng sri bupati | èstu langkung utama ||

--- 2: 90 ---

3. Jakup Mungsêl sampun anyathêti | barang pangandikane narendra | têrang rampung ing ature | idlir lawan kumêndur | sigra pamit wangsul mring loji | tan winarna samana | ing sêsampunipun | rêrêpira sri narendra | pitung ari anèng nagri ing Samawis | sigra jêngkar sing praja ||

4. kondur marang Surakarta nagri | ari Anggara tanggal ping sanga |[12] agung Kumpêni kurmate | tan pae duk arawuh | twan kumêndur lawan idêlir | kathah tur-aturira | ing kangjêng sang prabu | tigang ratri sri narendra | anèng marga praptanira ing nagari | anuju ari Sukra ||

5. wus ngadhaton kangjêng sri bupati | wadyabala mantuk sowang-sowang | wong cilik eca manahe | mangkana jêng sang prabu | animbali punggawa katri | Sindurja Pakuningrat | de katiganipun | Ariya Mlayakusuma | sri narendra andangu wartaning wuri | hèh Dipati Sindurja ||

6. iya priye ing sapungkur mami | mungsuh apa mrêpêki nagara | dyan dipati lon ature | botên wontên pukulun | eca kèndêl ênggène lami | tan wontên obah molah | amung watos ulun | para pangeran sadaya | samya katimbalan dhatêng Sukawati | elar-elur gêntosan ||

7. marginipun tan [ta...]

--- 2: 91 ---

[...n] purun margèni | inggih dhusun kang dèrèng kabawah | amung margèni bawahe | ngandika sang aprabu | aprakara Si Mangkubumi | ingsun wus suci asta | mring idlir kumêndur | pan ora marga saking wang | iya jendral margane tinggal nagari | puguting tyas yayi mas ||

8. nalikane ingsun andhawuhi | anèng pura iya mring yayi mas | ingsun longi gadhuhane | mung kudu amit lampus | merang miyat samaning janmi | nadyan dèn êlongana | mung satus rongatus | nora pisan nyipta gêsang | kang kaèsthi amung nêdya nglampus dhiri | aminta lilah ingwang ||

9. yèku eling sutaning narpati | cacah-cucah kakèhan parentah | amung katon ing wirange | nêmah nekad anglampus | Yayi êmas Amangkubumi | mêngko abot sinăngga | Walandane gêtun | katujune raganingwang | duk samana Hondhorêp wus sun dhawuhi | ing labêde yayi mas ||

10. dahat dènnya Hondhorêp prihatin | sanggup lamun wus kalingan warsa | bumi dèn balèkkên manèh | mring yayi têlung èwu | jendral yêkti datan udani | nanging ta yayi êmas | basa wus katrucut | tan bisa ambalènana | ing basane ajur luluh dèn lakoni | ing mêngko kalampahan ||

11. Arya Mlayakusuma duk [du...]

--- 2: 92 ---

[...k] myarsi | dhawuh pangandikane narendra | barêbêl mijil waspane | Pakuningrat dhêkukul | Sindurêja pucat anjêgrig | nata malih ngandika | ing mêngko gurnadur | dahat dènnya analăngsa | pangêbange lamun Yayi Mangkubumi | arsa mulih mring praja ||

12. têlung lêksa punjul Sukawati | têlung èwu dutane Walănda | bola-bali tanpa gawe | adhi mas malah nêpsu | diwèhana bumi sakêthi | nora niyat melika | dudu anak jagul | mung eling sutaning raja | nora bisa anganggo lambe bêlantik | ajur luluh anêmah ||

13. prang ping têlu Dhimas Mangkubumi | si kumêndur kang matur maringwang | pawartane Walandane | pan satus patang puluh | Mêkasare lan Bugis Bali | kang mati prang ping tiga | iya patang atus | lawan punjul pitung dasa | mayor loro kapitane ya kêkalih | kairas ing yayi mas ||

14. Sindurêja nora darbe gêtih | nanging pamupuse jroning nala | ingsun iki wong kêkarèn | barang rèh atut pungkur | sri narendra anguningani | marase Sindurêja | cinandhak sinamun | ngandika mring Mlayasuma | baya iki kakangira Mangkubumi | nukuli Surapatya ||

15. kadi Panêmbahan Senapati | wani tangguh trusing kalbu

--- 2: 93 ---

tatak | hèh Sindurja kaya priye | tangkêpe ing prang pupuh | Yayi êmas Amangkubumi | duk aprang lawan sira | Sindurja wotsantun | tangkêpipun rayi tuwan | nadyan kathah abdine botên nanglêdi | eca lorot kewala ||

16. yèn pinêlak punika tan kêni | bêbayani luhung kinèndêlna | amung lêstantun lampahe | datan kenging tinangguh | yèn têrkadhang abdine kêdhik | mêngsahe tikêl tiga | botên nêdya mundur | nuntên anglêlêt bandera | ingkang kathah nglêlêt bandera jro jurit | manahe sampun gêmpal ||

17. mila kathah katiwasan gusti | rayi dalêm yèn nglêlêt bandera | badhe angantêp pamuke | têmahan gêmpur tumpur | ingkang sami nadhahi jurit | dene rayi paduka | ngawaki anamur | ngangge cara lurah numbak | kang nitihi kudane asongsong kuning | pun Suwandi kewala ||

18. ingkang dadya ngungun amba gusti | abdinipun kang sampun tinilar | bêkêl dhusun sadayane | tan wontên purun têluk | amung sikêp tuwa pamburi | punika mung têrkadhang | nanging mèh sadarum | samya andhèrèk saparan | rayi dalêm èstu jinarjayèng jurit | katăndha ing pratăndha ||

19. punggawane anaracak pêkik | wani tangguh bèrbudi

--- 2: 94 ---

yuwana | awêgig sabarang gawe | kontap prawira punjul | amunjuli punggawa nagri | titi patitis ing prang | kukuh datan keguh | kinarubut mêngsah kathah | Radyan Arya Mlayakusuma bêbisik | mring Pangran Pakuningrat ||

20. dhuh adhi mas punapa wus tampi | kyai lurah puniki agawat | amirid-mirid ature | anjiwit sisihipun | kang kinitêr aturing aji | Ki Lurah Pringgalaya | lupute amuput | puniku ingkang kinalang | Pakuningrat nauri sarwi bêbisik | inggih lêrês Sindurja ||

21. kasangêtên Pringgalaya yêkti | Singaranu mati nèng payudan | nora ginantèn sutane | utawi kadangipun | têka Cakrajaya kinardi | gamêle Martanaya | ginawe tumênggung | mung katon sèwu kewala | Pringgalaya nora ngatokkên taliti | wicara yèn bagusa ||

22. Cakrajaya apa kang pinilih | dhapur nora amicara nora | rusuh nora na kapoke | mung reyal kang kaetung | datan pisan rumêksa gusti | mamrih arjaning praja | utamaning ratu | maksih akèh pagawean | Pringgalaya nganggo pikir bosah-basih | silulup ing pawuhan ||

23. nora etung rêrêgêd mênuhi | Pringgalaya gawe nora tata | sok karamas ing pacêrèn |

--- 2: 95 ---

anêmpuh bangêr arus | kadya paran tingkah puniki | angling Mlayakusuma | yayi kula bingung | ing rasa botên karasa | mila wau duk sang prabu angraosi | kang rayi Sukawatya ||

24. kula datan sagêd amiyarsi | awit măngsa andadak antuka | ngupayaa lêlirune | têtêp mantêping kalbu | kadi Kangmas Amangkubumi | madhangakên nagara | anirnakkên mungsuh | prandene ginawe ala | awak dhèwèk malih yèn dadia usring | picise nora nana ||

25. sigra dhawuh kangjêng sri bupati | punggawa tri samya kinèn mêdal | antara căndra lamine | kèndêl tan wontên pupuh | kunêng malih ingkang winarni | kangjêng sri naradipa | karsa amêmantu | mikramakkên atmajèndra | jêng pangeran dipati antuk putrining | Jêng Ratu Madurêtna ||

26. kang patutan saking Adipati | Cakraningrat Bupati Madura | Dyan Ajêng Wuku namane | sang nata wus anuduh | duta mundhi nawala maring | tuwan gurnadur jendral | myang tuwan kumêndur | sung uning miwaha putra | praptanira ing ari para bupati | wus rakit makajangan ||

27. nguyu-uyu sakati sang aji | pra bupati ambêkta pradăngga | nèng sebane dhewe-dhewe | samya kasukan nutug | rêrênggane datan winarni | mung cinatur panggihnya | ri Anggara nuju | wimbaning lèk [lè...]

--- 2: 96 ---

[...k] ping kawanwlas | amarêngi ing wulan Jumadilakir | Wawu sangkalanira ||

28. guna sapta rasaning narpati |[13][14] nikah anèng sasana sewaka | panggih munggèng dalêm gêdhe | nêngna ingkang manungku | pinangantèn anèng jro puri | gantya kang winursita | Gêndhorêp Kumêndur | wira-wiri dutanira | ngipuk-ipuk mring Pangeran Sukawati | nanging datan tinampan ||

29. kaku tyase ngantêp kanthi peling | Pangran Sukawati pindha arga | tinêmpuh ing angin gêdhe | kukuh tan mawi keguh | langkung kewran para radpêni | dadine kang pirêmbag | para rad wus kumpul | mung nêdya ingantêp yuda | ginoco pat jendral ngupaya prajurit | maring nagri Walănda ||

30. tigang atus prajurit linuwih | pêpilihan nama Wlănda Usar | apan neje panganggone | abang saruwalipun | rasukane sangkêlat wilis | cêmêng topiyonira | amawi kêkucur | kangkame sabêlah jaja | nanging taksih kinumpul nagri Samawis | angantos saprangkatan ||

31. kinêrigan Walănda pasisir | Surabaya Lêmbong lan Japara | Kumpêni Têgal padene | wus dadya gangsal atus | kalih atus drahgundêrnèki | senapatining yuda | Sakèbêr kang sanggup | wus ngangkat mayor samana | Mayor Kèbêr gêng inggil otote [o...]

--- 2: 97 ---

[...tote] bêcik | kadya Prabu Ngalêngka ||

32. pra prajurit Walănda kang sami | anèng Sala sampun pinilihan | kang prakosa satus kèhe | Kumpêni minta sampun | ing lilahe jêng sri bupati | dhawuh timbalan nata | lilah anrus kalbu | sira sang mantri wisesa | dhinawuhan mêmatah sagung bupati | biyantu pêpucungan ||

33. Pocung

1. kang anglurug Pringgalaya tindhihipun | Dipati Sindurja | kang kantun têngga nagari | lan bupati jaba Pangran Pakuningrat ||

2. liyanipun krig bupati jawi tumut | nadyan Pamajêgan | bang kilèn sami kinêrig | ing Banyumas Banjar Mêrdèn Panjêr Roma ||

3. Dhayahluhur Pasirngayah lan Matarum | sadaya binêkta | mung Jayawinata kari | Kalibêbêr Têrsana tuwin Têmpuran ||

4. dene sagung măncanagara tinuduh | sami akêkirab | baris anèng jaban nagri | pra bupati pasisir ugi sadaya ||

5. pan tinuduh baris jaba nagrinipun | ingkang kinawruhan | Pangran Arya Mangkubumi | gêlaring prang prajurite kang ingumbar ||

6. ngalèr ngidul lêpas pra tumênggungipun | tan kêna ginampang | gêlare wus samya dadi | punggawane wantêr tan ajrih ing pêjah ||

7. marmanipun mungsuh pra pangeran kidul | lêlima punika |

--- 2: 98 ---

nora nganggo dèn rawati | mung pinêlêng satunggal ing Sukawatya ||

8. asal putung kang siji kabèh malêdug | tan dadi abahan | mung Pangeran Sukawati | tinêmênan Kumpêni nora kainan ||

9. ing pangêlus ngêla-êla angrêrapu | aja kongsi tiwas | anèng samadyaning jurit | ingaturan kondur maring prajanira ||

10. yèn mituhu têlung lêksa sabinipun | lawan tigang nambang | Prabu Anom Senapati | anèng Surakarta sor-soraning raja ||

11. wênang nabuh sabarang ing karsanipun | lilahe kang raka | têka dadak datan kongkih | mêksa mampang rêmbage gurnadur jendral ||

12. langkung kaku tyasira tuwan gurnadur | apa kang sinêdya | dene kukuh nora kongkih | dadya minta Kumpêni marang sang nata ||

13. lilanipun mring kang rayi dèn satuhu | badhe tinêmênan | aprang sapisan puniki | sri narendra lila nrus ngêbyarkên asta ||

14. milanipun kinarakat badhenipun | gêbyura samodra | ngungsia dhasaring warih | amumbula marang ing langit ping sapta ||

15. dipun êlud saparane dèn bêbujung | pan rinoban lawan | ing lampah mêlêng sawiji | rinakitan pasisir măncanagara ||

16. ya ta wau siyaganira wadya gung | wus tata warata | dhawuh [dha...]

--- 2: 99 ---

[...wuh] timbalan narpati | kaping catur Rêjêp[15] bidhal saking praja ||

17. ingkang kantun tata makajangan sampun | bupati jro samya | akarya pakuwon mantri | anèng jroning pagêr jaroning kadhatyan ||

18. dunungipun Sindurêja dènnya tugur | kilèn Sitibêntar | nging dèrèng karya sitinggil | Pangran Pakuningrat makuwon pagongan ||

19. malihipun para pangeran sadarum | sami makajangan | ing alun-alun marapit | kawuwusa ping catur Soma arinya ||

20. pra tumênggung barise wus samya kumpul | balabar bra sinang | Pringgalaya Adipati | wus samêkta budhal marang ing paseban ||

21. barisipun Kumpêni dhêndhêng ngêndhanu | kidul wringin kêmbar | Kumpêni dènira baris | karya ebat angajrihi kang umiyat ||

22. tigang atus Sakèbêr drahgundêripun | tigang atus dharat | prasamya Kumpêni putih | upisire kang nênêm pangkat kapitan ||

23. litnanipun kalih wêlas cacahipun | Kumpênine Islam | ingkang dharat winatawis | pitung atus Bugis Bali lan Makasar ||

24. barisipun para bupati kang nglurug | lèr waringin kêmbar | ngilèn ngetan amênuhi | busana bra gêgaman maneka warna ||

25. pra tumênggung sami magêlaran sampun |

--- 2: 100 ---

cacahe sawêlas | Mlayakusuma akanthi | Wiraguna Tumênggung Kartanagara ||

26. malihipun Dyan Mangkupraja Tumênggung | Radyan Natayuda | Dyan Ănggawăngsa akanthi | Cakrajaya Dyan Tumênggung Wiradigda ||

27. Dyan Tumênggung Kartadipa lan Tumênggung | Banyumas Mataram | Yudanagri Rajaniti | myang ngabèi ngayah Pasir Panjêr Roma ||

28. Dhayahluhur Banjar Kalibêbêripun | upisir sadaya | lan Sakèbêr wus sumiwi | nèng paglaran nganti wiyosê sang nata ||

29. tan adangu miyos maglaran sang prabu | horêg panangkilan | munggèng ing bangsal pangrawit | sigra Mayor Sakèbêr ngandikan nyêlak ||

30. cêlak oprup sri naranata andulu | untabing kang wadya | agung èstu gêgirisi | angandika mring Dipati Pringgalaya ||

31. bocah ingsun wadana kliwon sadarum | sira dhawuhana | maju ngabêkti ing mami | sigra mangsah patih lan para bupatya ||

32. sampunipun lajêng pra kliwon sadarum | anulya ngandika | wau kangjêng sri bupati | hèh sagunge bocah sun kang arsa yuda ||

33. iya ingsun jurung salamêtirèku | tur sêmbah gumêrah | kature wadyabalaji | nulya mayor upisir majêng tabeyan ||

34. duk puniku

--- 2: 101 ---

Sakèbêr bêbêntingipun | acindhe jêlamprang | wus pamit ing sri bupati | sarêng budhalan Dipati Pringgalaya ||

35. gunggungipun sadaya wadyabala gung | langkung yèn salêksa | kang ngrêgêm gêgaman jurit | kang angantêp lampah sapisan punika ||

36. bidhalipun urmat mariyêm jumêgur | panganjuring lampah | bupati sèwu akanthi | Numbakanyar Dyan Tumênggung Cakrajaya ||

37. kang sumambung Bumi lan Bumija iku | Radyan Mangkupraja | Natayuda kang nambungi | sira Radyan Tumênggung Kartanagara ||

38. Dyan Tumênggung Wiraguna wurinipun | Arya Mlayasuma | Wiradigda kang nambungi | wurinira Dyan Tumênggung Kartadipa ||

39. wurinipun bala Kumpêni sumambung | myang Kumpêni Islam | dene wurinipun malih | barisira Dyan Dipati Pringgalaya ||

40. wurinipun Yudanagara Tumênggung | sagung Pamajêgan | lan Tumênggung Rajaniti | lampahipun anut iladuninira ||

41. wiwit ngidul dènnya lampah sing lun-alun | anjog ing Pilalan | ing Jatitêkên kang dèsi | samya kèndêl baris makuwon sadaya ||

42. lêrêsipun ing Nusupan kidulipun | saratri enjingnya | budhal angetan sakêdhik | mung samadya onjotan arêrêp samya ||

--- 2: 102 ---

43. ing sadalu anèng Samiran ing dhusun | enjangira budhal | angenggoki iladuni | laju ngalèr lampahe asêsinoman ||

34. Sinom

1. amung angsal saonjotan | mangalère lampahnèki | kèndêl dhusun Jatimalang | ing ngriku badhe alami | ngiras ngêntos-êntosi | bala kang kantun ing pungkur | lan iladuninira | saking praja mindhik-mindhik | kunêng gantya mungsuh ingkang kawuwusa ||

2. kang baris anèng Jakawal | têlike atur udani | mangkana ing aturira | dhuh pukulun kangjêng gusti | mêngsah mijil sing nagri | langkung agêng barisipun | Walandi kanêm bêlah | Mêkasar Bugis lan Bali | pitung atus Sakèbêr senapatinya ||

3. têtindhih prajurit Jawa | Pringgalaya Adipati | pra bupati kalih wêlas | wontên salêksa kang baris | lampahe mindhik-mindhik | saking nagari pukulun | nèng dhusun Jatimalang | ing mangke kèndêling baris | saonjotan têbihe saking ing praja ||

4. Jêng Pangeran Sukawatya | gya nimbali pra bupati | wusnya pêpak angandika | hèh Kakang Pugêr Dipati | mungsuhira wus mijil | saking praja luwih agung | Dipati Pugêr turnya | suwawi dipun tandhingi | binabingung gêlar sami ingowahan ||

5. putra paduka Pangeran |

--- 2: 103 ---

Mangkunagara prayogi | anuntêna tinimbalan | amrih sakecaning pikir | mantri ngarsa tinuding | umêsat ingkang ingutus | sagung kang pra bupatya | asaos ing siyang ratri | asamêkta busana kapraboning prang ||

6. ing ratri Kangjêng Pangeran | Adipati Sukawati | mangsah angêningkên cipta | nêgês karsaning Hyang Widhi | nunggal kahanan jati | sampurna wêngku-winêngku | wus katon wela-wela | têtela lamun ing mangkin | dèrèng măngsa angantêpa magut yuda ||

7. wau lampahing utusan | kang marang Gumantar prapti | Pangeran Mangkunagara | tinimbalan wus lumaris | datan amêpak baris | mung lan kuda kawan atus | sinêrung lampahira | ing Jakawal sampun prapti | ing ngarsaning kang rama gya ngaras pada ||

8. lawan Pugêr sêsalaman | kang rama ngandika aris | kulup mêngko mungsuh mêdal | iya saking ing nagari | liwat gêdhening baris | nèng Jatimalang kêkuwu | matur nêmbah pangeran | kawula sumanggèng kapti | iya kulup ana dene karsaningwang ||

9. yèn mungsuh uwis karuwan | manjing tanah Sukawati | ingsun angrampit nagara | Kakang Pugêr bae kari | ana ing Sukawati | yèn durung karuwan durung | sira iya barênga | mêdal sakidul nagari | ingsun ingkang mêtu

--- 2: 104 ---

sakulon nagara ||

10. dene baris Jatimalang | lamun durung mobah mosik | ya ingsun mênêng kewala | amung angumbar prajurit | lan pamanira kalih | Buminata Singasantun | karo padha kirabna | dèn kêriga wong ing wukir | angancika marang ing kutha Kaduwang ||

11. yèn wus bêdhah ing Kaduwang | nêdyaa mring Panaragi | nadyan ora kalampahan | dèn ana niyate ugi | wakira kang Suryadi | apa tan kêna ingadu | iku lamun kênaa | lêbokêna mring Matawis | matur nêmbah Pangeran Mangkunagara ||

12. botên kenging yèn pun Uwa | Pamanahanipun sami | lan pun paman kalih pisan | Buminata Singasari | langkung gènipun jirih | rayi paduka pukulun | maksih dhêlik nèng arga | anggege bangun kamuktin | dèrèng dhokoh ing prang gya jumênêng sultan ||

13. nama Sultan Malaikat | inggih Dhandhun Martèngsari | gumujêng kang pra bupatya | Pangeran ing Sukawati | alon dènira angling | puluh-puluh ya sapuluh | wong lunga saka praja | yèn ora nêdya ngêmasi | satingkahe măngsa ta kadadeyana ||

14. iya kulup wus muliha | yèn ingsun sida angrampit | masthi utusan mring sira | iya ulihira iki | mêtua aja têbih | marapita baris [bari...]

--- 2: 105 ---

[...s] agung | lah coba ungkabana | atine kang padha baris | tur sandika Pangeran Mangkunagara ||

15. wus pamit anguswa pada | têngara bêndhe tinitir | kang wadya sampun tinata | wolu banderanirèki | rinakit anyèkêti | Kudanawarsa nèng ngayun | Radèn Suryanagara | Jayadirja Brajamusthi | samya kinèn mêmanuki saking wuntat ||

16. wau ta ing lampahira | Pangeran Mangkunagari | praptèng Dhadhagan Larangan | bewaking mungsuh udani | lumajêng tur upêksi | lamun wontên mêngsah rawuh | gègère apuyêngan | anambur wadya Kumpêni | baris Jawa wus mijil sami atata ||

17. Tumênggung Kudanawarsa | kang munggèng kuda sêsirig | turanggane ulês janjan | biru wuri pancal kalih | pra tumênggung miranti | tiningalan wong lêlaku | dudu wong magut ing prang | katur Sakèbêr wus mijil | lampahira ngidul ngetan lon kewala ||

18. ingkang lèr ana katingal | nanging wangsul ngalèr malih | graita kang pra bupatya | yèn Pangran Mangkunagari | seba ngatas ing kardi | mring kang rama baya iku | kukut sagung gêgaman | sami mantuk pondhok malih | ya ta wau ing Jakawal kawursita ||

19. jêng pangeran amêmatah | Suryanagara tinuding | lan Răngga Wirasêtika |

--- 2: 106 ---

Tumênggung Jadirja kanthi | katri punggawa sami | kang kinon karya pêpucuk | angrampit Surakarta | anyatus ingkang prajurit | kêkapalan tan wontên dharat satunggal ||

20. nyasupit banderanira | bêndhene sami nyatunggil | katri punggawa mit nêmbah | têngara budhal anuli | Jêng Pangran Sukawati | ing wuri sigra anuduh | amêmanuki lampah | lampahe punggawa katri | Adipati Pugêr myang Ranadiningrat ||

21. lan Tumênggung Pusparana | kinintên budhalirèki | longkanga kalih onjotan | anyatus ingkang prajurit | amung Sang Adipati | Pugêr bêkta kalih atus | ingkang jampangi lampah | katri punggawa kang ngrampit | lampahira wus prapta ing Banyuanyar ||

22. kèndêl samya ngrakit gêlar | Jayadirja kang nêngahi | Dyan Răngga Wirasêtika | binagi pangawat kering | ingkang têngên binagi | Suryanagara Tumênggung | kang badhe ngobong wisma | nyadasa tumênggung siji | tanpa tumbak bêdhil mung upêt kewala ||

23. kang tigang dasa punika | tan kêna milu ajurit | mung ngobong-obong kewala | upêt mancung dèn sumêti | rêmbage sampun dadi | wus samya budhal mangidul | kuda jojog adheyan | punggawane anèng ngarsi | sampun [sa...]

--- 2: 107 ---

[...mpun] prapta sakilèning Pringgalayan ||

24. Dipati Pugêr utusan | mêling katiga bupati | lamun binujung ing mêngsah | kinèn mundur ngilèn sami | nèng Panasan dipati | dènnya kèndêl barisipun | wus dadi jangjinira | laju dènira lumaris | datan ana kang narka kalamun mêngsah ||

25. wontên Mantri Natayudan | saking Jatimalang prapti | Dyan Tumênggung Natayuda | kang duta murugi swami | duta ingkang lumaris | binujung asru pinistul | kang juru ngobong mangsah | kathah wisma dèn obongi | surak kukuk dahana saya angrêbda ||

26. Tumênggung Yuryanagara[16] | mangidul wus nyabrang kali | Pepe obah sanagara | arungan samya angili | marang sajroning puri | mungsuh surak sarwi kukuk | sagung para santana | wus angumpul păncaniti | pra bupati samêkta gêgaman yuda ||

27. Adipati Sindurêja | Galadhag dènira baris | lan Pangeran Pakuningrat | wong cilik kuwur awiwrin | Pakuningrat tan prapti | mêngsah kang malbèng praja gung | nênêm banderanira | punggawane dèn songsongi | kang anongsong samya nèng nginggil turăngga ||

28. Mantri ing Pakuningratan | Tirtawijaya Ngabèi | sarowangira wong papat | wus ngrasuk kaprabon jurit | Pulangjiwa Ngabèi |

--- 2: 108 ---

Sutadirya kanthinipun | Radyan Suraprameya | Răngga Baki atut wuri | samya mapag yuda binêrêg mangetan ||

29. prajurit ing Sukawatya | êbèrbudi kaduk wani | nora ngetung nèng jro praja | anglawan kang para mantri | kang binêrêg ngoncati | lumêbu ing alun-alun | kèndêl lèr Pakauman | dèn mariyêm saking loji | kaping tiga kêni turăngga satunggal ||

30. ing alun-alun wus aglar | gêgamane pra bupati | sami ngêntosi parentah | tan wruh lamun mungsuh kêdhik | lawan kinintên yêkti | jêng pangeran ingkang magut | nindhihi balanira | purune manjing nagari | datan nyana yèn amung katri punggawa ||

31. Dyan Răngga Wirasêtika | Tumênggung Suryanagari | lan Tumênggung Jayadirja | datan wontên malih-malih | bêkta nyatus prajurit | dadya kuda tigang atus | wau Sang Adipatya | Sindurêja duk udani | sigra dhawuh mapag mêngsah ingkang prapta ||

32. putunira Sindurêja | kalawan ipenirèki | Tumênggung Puspanagara | pun Bangkok ingkang wêwangi | Suradirja palinggih | panèkêt wong Martalulut | sami panas ing driya | Suraprameya lan malih | Radèn Sutadiwirya Pakuningratan ||

33. punika prasamya mêdal | pangirid kathah ing wuri | wadyanira pra santana |

--- 2: 109 ---

wus akathah kang turanggi | jaba jro ingkang wani | wontên kuda gangsal atus | mêdal praptèng Galadhag | kèndêl mariyêm ing loji | ya ta mêngsah kang wontên lèr Pakauman ||

34. wus laju lampah lon-lonan | punggawa sami nèng wuri | Tumênggung Suryanagara | rasukan baludru wilis | apinggang puspita brit | lancingan baludru wungu | udhêng jingga rinenda | anyuriga dhuwung katri | asêsirig anglangak ngiwa gandhewa ||

35. turanggane bopong pancal | kêkalih suku ing wuri | sêmune ladak baranyak | abagus pasêmon êdir | pantês mantêp ing jurit | Dyan Răngga rasukanipun | kotang putih kewala | akêkancing watu pasir | alancingan sangkêlat ijo rinenda ||

36. udhênge kinawêng Arab | anyuriga dhuwung katri | turăngga cêmêng adheyan | pantês dhokoh ing ajurit | Jayadirja winarni | le jabang rasukanipun | srêban gadhung binara | sruwal kombor cit surati | dhuwungipun kêkalih katiga pêdhang ||

37. kudane dhawuk bang pancal | anjojog agêng tur inggil | pantês tandho ing ngayuda | wau kang sami nututi | Jayakartika Mantri | kadipatèn prapta nusul | bêkta kănca sadasa | Bangkok kang dèn pituturi | cêlukêna si kakang udhênge jingga ||

--- 2: 110 ---

38. sumbarana kon mandhêga | iya iku Si Suwandi | Bangkok anguwuh sêsumbar | payo mandhêga Suwandi | ing kene padha bêcik | Dyan Suryanagara ngrungu | nolih sarwi angucap | iya mêngko sun andhêgi | nanging bojonira saosna paesan ||

39. nulya pinistul tan kêna | kudane tansah sêsirig | amalês manah ping tiga | Suradirja duk miyarsi | sigra dènnya nglancangi | tan kawawa ngampêt kalbu | nangis sarwi sêsumbar | payo mandhêga Suwandi | iya kene akèh turuk mêmancungan ||

40. nonoke lonthe Galadhag | dilatana kang barêsih | jaba jêro dèn warata | dimène lambemu gripis | munyuk ing Sukawati | payo tandhing lawan ingsun | hèh Suwandi mandhêga | tadhahana watang mami | dudu lanang lamun sira wêdi pêrang ||

41. Suradirja mèh narajang | Tumênggung Jayadirja glis | ngadhangi buntare malang | Suradirja dèn gondhèli | Jakartika sarya ngling | cêlukên Si Jalal iku | Suradirja sêsumbar | hèh Jalal mandhêga bêlis | sarêbanmu iku kaya konthol ingwang ||

42. Jadirja mèsêm kewala | Dyan Răngga kang ngêbayani | praptèng wuri praptèng ngarsa | Jayakartika ngling malih | Tirtawijaya pinrih | cêlukên Si Gatha iku | nguwuh Tirtawijaya |

--- 2: 111 ---

payo Gatha padha bêcik | amandhêga sira setan ngobong wisma ||

43. Dyan Răngga Wirasêtika | ngucap nudingi camêthi | hèh ta sanak Surakarta | padha Jawa dèn aeling | ing mêngko sun andhêgi | yèn prapta jaban praja gung | mêngko Garêmêt kana | ing kene sompok nagari | nora cuwa gêguyon lan bocah wana ||

44. prapta kilèn Buminatan | ngêblak-êblak kanan kering | katon wetaning Kaleca | ana bandera kaèksi | lan ana payung putih | kadi senapatinipun | Jayakartika ngucap | sanak gawat laku iki | kulon ika iya sawetan Kaleca ||

45. punggawane payung pêthak | Dipati Pugêr manawi | bali ing kene kewala | nanging aja nuli bali | padha ngêntèni dhisik | ywa kongsi katon ing mungsuh | tan dangu gandhèk prapta | mariksa mungsuh nèng ngêndi | ingkang para priyayi gambuh aturnya ||

35. Gambuh

1. pinanggih sampun mundur | wetan Kaleca ing kèndêlipun | nanging inggih punika bantune prapti | wontên kuda gangsal atus | tan ebah kèndêl kemawon ||

2. gandhèk prasamya dulu | wontên pintên gunggunge puniku | kang nauri watarane apradondi | wontên matur pitung atus | wontên wuwuh wontên kalong ||

3. Jayakartika [Jayakar...]

--- 2: 112 ---

[...tika] muwus | kang ngrampit wau mung tigang atus | Răngga Wirasêtika Suryanagari | myang Jayadirja Tumênggung | katri pangiriding pupoh ||

4. kula kêkinthil wau | lawan kănca kathah tigang atus | sanèsipun punika pan sawêg prapti | kang songsong pêthak puniku | Pugêr gêgêdhuging mungsoh ||

5. gandhèk prasamya wangsul | dinamêl atur kang pitung atus | pra priyayi abdi dalêm kang nênggani | Buminatan kilènipun | kèndêl ing baris amanggon ||

6. gêdhong kaparakipun | pan kajawi para kadangipun | pra abdine santana kliwon bupati | datanapi abdinipun | Jêng Pangeran Dipatya Nom ||

7. tuwin mantri sapuluh | Jayakartika pangiridipun | samya nganti dhawuh timbalan narpati | wong gandhèk ing lampahipun | laju tumamèng kadhaton ||

8. panggih bupati tungguk | wus lajêng konjuk kangjêng sang prabu | dèrèng kondur taksih wontên sri manganti | saatur-ature katur | gandhèk ing sri narakatong ||

9. ngandika sang aprabu | bocah gandhèk kang kongsi prang mau | timbalana iridên ing ngarsa mami | liyane dimène tunggu | anèng Buminatan kono ||

10. gandhèk sandika wangsul | marang ênggèn pabarisanipun | praptanira têtiga kang dèn timbali |

--- 2: 113 ---

Suradirja Martalulut | Bangkok Jakartika Dhelo ||

11. kang tinanggênah kantun | maspadakakên unduring mungsuh | Radèn Tirtawijaya kaliwonnèki | Pangran Pakuningratipun | aywa obah saking ênggon ||

12. yèn dèrèng mêngsah mundur | sawusira gandhèk sigra wangsul | ngirid lampahira ingkang dèn timbali | nênggih priyayi têtêlu | binêkta manjing kadhaton ||

13. prapta ing ngarsa prabu | winiji-wiji pandangunipun | Angabèi Jakartika matur dhingin | sasolah-solahe katur | priyayi têtiga gêntos ||

14. duk miyarsa sang prabu | langkung suka gumujêng angguguk | abdi dalêm gandhèk kinèn andhawuhi | mring sang mantrimuka lamun | bakda sar miyos sang katong ||

15. gêgaman kang angumpul | dipun pêpak anèng ngalun-alun | Adipati Sindurja sigra ngundhangi | mring sagung para tumênggung | panèwu mantri mangisor ||

16. dèn pêpak pukul têlu | tur sandika ingkang tampi dhawuh | tan winarna bakda Sar sagung prajurit | abaris ing alun-alun | loring wringin kurung abyor ||

17. santana pra tumênggung | miwah Dipati Sindurêja wus | sowan pêpak anèng pagêlaran sami | nulya miyos sang aprabu | oprup dhèrèk datan adoh ||

--- 2: 114 ---

18. lênggah bangsal sang prabu | tan adangu sigra dènnya mundhut | kudanira endracapa wus ingambil | têdhak nitih kuda prabu | miwah Oprup Totlomondo ||

19. ngubêngi baris agung | kuda kalih mubêng nèng lun-alun | wusnya dangu wangsul mring bangsal pangrawit | tuwan oprup datan kantun | Sindurja umatur alon ||

20. pukulun sang aprabu | abdi dalêm ingkang atut pungkur | kang ngênginthil nalika mêngsah dhatêngi | anacahkên pra tumênggung | têrangipun ingkang mungsoh ||

21. gangsal punggawanipun | ambêkta prajurit amung nyatus | kanêmipun pun Paridan kang nindhihi | kèndêl pacak barisipun | wontên ing dhusun Gajahwong ||

22. kang prapta kalawau | ngrampit malêbèng jroning praja gung | tan sadaya nanging mung tigang bupati | tri atus prajuritipun | saking Pringgalayan ngalor ||

23. Jayadirja Tumênggung | Suryanagara kang atut pungkur | Răngga Wirasêtika katiganèki | amung punika pukulun | kang tiga mung jagi banton ||

24. Pugêr têtindhihipun | kanthi Ranadiningrat Tumênggung | katigane Pusparana kang manuki | anêlukakên wong dhusun | wontên dhusun ing Gajahwong ||

25. ngandika sang aprabu | Sindurêja andangua gupuh | darunane Sakèbêr [Sa...]

--- 2: 115 ---

[...kèbêr] lan adipati | muthak-muthêk nora maju | marang panggonane mungsoh ||

26. gêgalak racak iku | ing praja uwis dèn ambah mungsuh | Sukawati nora nuli dèn lêboni | Sindurêja sigra nuduh | duta mundhi dhawuh katong ||

27. prapta barisan dhawuh | Adipati Sakèbêr duk ngrungu | duta nata gugup angundhangi baris | budhal sawadyane kêbut | kèndêl prapta ing Garompol ||

28. konjuk jêng sang aprabu | lamun baris Jatimalang sampun | sami majêng kunêng wau sri bupati | dhawuh mring gandhèk ingutus | nimbali manjing kadhaton ||

29. Sindurja kalihipun | Pangran Pakuningrat ngirid laku | mantrinira jêng gusti pangran dipati | kang kaloka wantêripun | pun Jayakartika Dhelo ||

30. praptaning ngarsa prabu | katrinira samya makidhupuh | angandika alon kangjêng sri bupati | hèh dandana sira iku | iya ingsun tuduh Dhelo ||

31. mring Wanakarta tugur | pacak baris lamun ana mungsuh | kang anglarag punggawane Mangkubumi | kang ana lor Kalijêruk | baris desa ing Gajahwong ||

32. dhêgên ywa kongsi maju | lamun abot dèn enggal lumayu | lan Si Rajamênggala kanthinirèki | Dhelo sandika wotsantun | ngandika malih sang katong ||

33. mangkata dèn agupuh |

--- 2: 116 ---

lan Si Rajamênggala Tumênggung | wong jro rangkah tarubna arahanèki | pacaka baris sirèku | de bubuhanira Dhelo ||

34. kabèh sawetan gunung | Mrapi lawan ing gunung Rêbabu | tarubêna ajakên apacak baris | nèng Wanakarta dèn kukuh | dèn angati-ati Dhelo ||

35. sandika aturipun | sarwi nolih ngilèn dènnya muwus | dhuh bandara kawula ing dina benjing | lawan êmbèn dèn bêburu | mring Jadirja dèn kêkolong ||

36. bèn dawa datan wurung | pun Jayadirja kula bêburu | sarwi gujêng Sindurja alon nauri | manira dongakkên sukur | hèh anak dipun kalakon ||

37. timbalane sang prabu | kalih umarêk ing ngarsa Prabu | Jakartika Rajamênggala ngabêkti | sawusira sigra mundur | laju umangkat karongron ||

38. prapta pukul sapuluh | nèng Wanakarta ing lampahipun | Jakartika kèngkènan mring urut Pêngging | pinrih samya prapta esuk | enjinge brubul punang wong ||

39. sadintên elar-elur | wus kapyarsa barisaning mungsuh | lamun Jayakartika ingkang mêdali | Rajamênggala tut pungkur | akathah mantri jro miyos ||

40. horêg barising mungsuh | dene rare wantêr arsa magut | sami gunêm mring gène Sang Adipati | Pugêr sami aturipun | pun Jayakartika [Jaya...]

--- 2: 117 ---

[...kartika] Ngêndho ||

41. Dipati Pugêr muwus | hèh dèn padha ngati-ati tuhu | pan Si Jayakartika wong nglêluwihi | wus têtela bobotipun | sun dhewe ngawaki wêroh ||

42. nalika bêdhahipun | ing Kartasura anggawa ingsun | Cina pitung puluh kudu milu mami | tan kêna sun tulak wangsul | sapraptaningsun ing Ngêndho ||

43. nuli ingsun têtungkul | bali maning mangalor wak ingsun | Cina pitung puluh kang kari pinalih | saparo santananipun | dhinèwèkan kang saparo ||

44. sanake pitu likur | mungsuh Cina ingkang kapat sasur | kapat sasur Dhelo ingkang andhèwèki | tumpês Cina kapat sasur | ngêndi ana wong mangkono ||

45. duk prang layapan iku | Cina sapuluh anèng parau | dèn lumpati ijèn Cina tan ngundhili | matine Cina sapuluh | rinukêt bae ginoco ||

46. duk samana pan durung | dèn abdèkkên suwita ing ratu | mung suwita marang wakane Pak Cêplis | Si Kakang endra kacendhul | suprandene dudu bobot ||

47. sapa tandhinge iku | Si Dhelo iku dhasare bagus | kaya wirun mung pundhak suda sajênthik | tandhinga anak Tumênggung | Ranadiningrat tan asor ||

48. Ranadiningrat mungguh | amanjing tuwa wangunanipun | anak Răngga [Răng...]

--- 2: 118 ---

[...ga] kalah ragang yèn tinandhing | sinăngga ngètêl puniku | dadi rame tan ana sor ||

49. Dyan Răngga lon sumaur | kula sandika paduka adu | anggêr dede Malaikat saking langit | lamun manusa satuhu | sanggène purun prang popor ||

50. inggih ing têmbenipun | lamun wontên dhadha ênggènipun | Jakartika paduka kang anandhingi | Ranadiningrat Tumênggung | Suryanagara wong loro ||

51. Jayadirja Tumênggung | lawan Pusparana kanthinipun | amanggèna munggèng ing pangawat kering | sami lawan têngênipun | prasamya tumênggung loro ||

52. dene Bêkêl Panajung | padha kiwakna ana ing pungkur | para mantri panèkêt kang anèng ngarsi | panalawe wurinipun | singa kang mengo rinampok ||

53. yèn uwis padha rêmbug | sapisan iki dèn padha pamuk | ngêrêmêna netra dèn madhêp Hyang Widhi | yèn kongsia kapalayu | mung aprang lawan Si Dhelo ||

54. gêgawa tiwasipun | ilang kandêle marang wadya gung | yèn unggula iya ing sapisan iki | wuwuh kandêling wadya gung | sabarang tingkahe dados ||

55. poma dèn padha emut | nêdyaa mati pasrah Hyang Agung | iya pirabara lamun nêmu urip | yèn tiwas kocaping mungsuh | dene ta amung samono ||

--- 2: 119 ---

56. wong alas bobotipun | padha kumaki murwèng prang pupuh | iya lagi winêton bêbêkêl siji | nora pira wus lumayu | bobote Si êntut Bêton ||

57. marma kănca dèn guyup | anglêlèdhèk manas atinipun | rayahana desa kiwa têngên baris | yèn kongsia pitung dalu | Si Jayakartika abot ||

58. prihên nulia nêpsu | bidhungên padha padesanipun | obongana kang cakêt ênggoning baris | uculana bajag gundhul | dimène tyase kabrongot ||

59. yêkti yèn banjur magut | Jayakartika surane gêcul | iya măngsa ngantènana rowang malih | wus watêke lanas bêrung | kuwanène mangkur lenyot ||

36. Pangkur

1. wuwusên Jayakartika | lan Tumênggung Rajamênggala sami | wus kathah arahanipun | kumpule ingkang dharat | sampun wontên cacah sèwu tigang atus | tigang atus kêkapalan | Rajamênggala kang baris ||

2. sampun nêmatus kang dharat | kapal satus sawêg eca alinggih | wontên bêbêkêl umatur | yèn mêngsah sami nabrang | angobongi sagung wismaning wong dhusun | saurute dipun rayah | sampun gusis kêbo sapi ||

3. Jakartika duk miyarsa | lajêng bêndhe kumrap sagunging baris | Rajamênggala

--- 2: 120 ---

amuwus | anak paran ing karsa | botên ngèstokakên timbalan sang prabu | nauri Jayakartika | inggih timbalan sang aji ||

4. atugur ing Wanakarta | mangke bumi ngriki kang dèn rayahi | dadya tanpa karya tuhu | jajahan tan karêksa | tiyang alit ical pitik iwènipun | sayêkti prasasat pêjah | yèn paduka kêdah kari ||

5. inggih sakarsa paduka | kula mapag mêngsah dintên puniki | amrih mêngsah kesahipun | saking ing Panêlaran | bilih sampun yêkti kula nuntên wangsul | amrih wiyaring jajahan | Rajamênggala nauri ||

6. inggih yèn makatên anak | kula tumut sigra budhal kang baris | wus akumpul kalih èwu | kapal miwah kang dharat | kathah dharat akêdhik turangganipun | gumuruh asurak-surak | dhusun Têmpuran wus prapti ||

7. kèndêl makuwon sadaya | maksih gili kang kantun prapta malih | turăngga dharat asêlur | angling Rajamênggala | yèn ngantia anak inggih tigang dalu | yêkti arahaning anak | wontên kalih mantên malih ||

8. wau kang wadya arahan | kathah lajêng anyabrang ngalèr sami | obah pakuwoning mungsuh | satêngah ana mêdal | panyanane Jayakartika kang magut | gègèr samêktèng ngayuda | dangu-dangu tan kaèksi ||

--- 2: 121 ---

9. wus sami wangsul sadaya | diwasaning baskara wontên prapti | caraka lajêng anjujug | barise Jakartika | bêkta sêrat tinampèn binuka sampun | mungêl sêrate Dipatya | Pugêr Benggol Sukawati ||

10. wuse salam kula anak | mring andika Jakartika Ngabèi | ing lampah kula dèn utus | Jêng Gusti Sukawatya | angrêmbagi ing anak kalamun sarju | angabdi kangjêng pangeran | dika anak dèn kauli ||

11. yèn mingsêr aris-arisan | majêng ngetan anak kang dèn pasrahi | kabèh sawetaning gunung | ngangkat dadya bupatya | sinung juluk Dipati Jayabinangun | limang èwu kidul dalan | anak dhewe kang duwèni ||

12. yèn bisa ngêlar jajahan | pira-pira jêng gusti tan mangêni | winênang karya tumênggung | anak para kalilan | saolèhe pitung èwu wolung èwu | mung para ingkang kuwasa | titi panuksmaning tulis ||

13. mancêrêng ngling Jakartika | mêjanani munyuk ing Sukawati | iya dudu kere ingsun | dudu wong padarakan | sajung rongjung maksih kawulaning ratu | nora melik pangêbangnya | para gênjik Sukawati ||

14. sêrat winangsulkên sigra | hèh caraka sun tan sudi mangsuli | sun kinon mocok dhasipun | Pugêr Suryanagara | lan Si Răngga

--- 2: 122 ---

kapat Jayadirja iku | nora numbak tambuh ingwang | sesuk esuk ingsun gitik ||

15. kang caraka sampun nulak | prapta katur maring sang adipati | katur ing sawuwusipun | Ngabèi Jakartika | samya suka gumujêng para tumênggung | ing dalu datan winarna | enjing kêkirab kang baris ||

16. Ngabèi Jayakartika | wus samêkta gêlarirèng ngajurit | Rajamênggala Tumênggung | dadya pangawat kanan | dharatira nêmatus turăngga satus | kang dadya pangawat kiwa | sarupane wong ing Pêngging ||

17. kêkapalan pitung dasa | tigang atus dharat langkung watawis | wontên wolung dasa pitu | ngalèr ngilèn lampahnya | pan katanggor ing papan radi gêgumuk | kang pinangku Jakartika | kalih bêlah kang turanggi ||

18. tigang atus ingkang dharat | saluwihe kinèn nèng wuri têbih | nanging ta maksih kadulu | kinarya rewa-rewa | Jakartika ginrêbêg pra wadyanipun | pangajêng kapal sawidak | sarêng dènira lumaris ||

19. kiwa têngên kang pangawat | kang pangarsa sarêng dènnya lumaris | tan dangu nulya kadulu | pamanggèning kang mêngsah | Jayadirja kang pangawat têngênipun | ingkang dadya kanthinira | Dyan Singadirja Ngabèi ||

20. kêkapalan kawan dasa | miwah malih Amad Salèh Ngabèi | sawidak kapalanipun |

--- 2: 123 ---

gunggung pangawat kanan | prajurite wahana kuda rongatus | angidul ngilèn lampahnya | dene kang pangawat kering ||

21. Tumênggung Ranadiningrat | lan Tumênggung Pusparana anunggil | ngidul ngetan lampahipun | kalih atus turăngga | pêpilihan Ranadiningrat wongipun | prasamya wahana kuda | tan wontên dharat satunggil ||

22. saksana sarêng katingal | Adipati Pugêr manggèn nèng wuri | pandulune ngulon ngidul | miwah pangawat wetan | Adipati Pugêr angabani nêmpuh | dadya prajurit pangawat | kang samya campuh rumiyin ||

23. bêdhil-binêdhil aramya | Pusparana Ranadiningrat sami | ana ing ngarsa gènipun | ngangsêg nêsêg abayak | datan ana nglancangi banderanipun | binendrongan ing sanjata | tan kandhêg pangangsêgnèki ||

24. kuda rongatus sarêngan | Adipati Pugêr ngabani baris | kinèn angangsêga purun | sigra turangganira | pra prajurit anjojog nyongklang anêmpuh | akukuk surak gumêrah | datan kandhêg dèn bêdhili ||

25. Tumênggung Rajamênggala | pan kapêlak tan bakit anadhahi | dhadhal kang wadya malêdug | lumayu salang-tunjang | pan kesisan tan olih ngadu wongipun | Tumênggung Rajamênggala |

--- 2: 124 ---

sampun lumayu dèn ungsir ||

26. Dyan Tumênggung Pusparana | sawadyane ingkang prasamya ngungsir | Ranadiningrat kang wangsul | mingêr ngilèn barisnya | Dyan Tumênggung Jayadirja dangu campuh | arame ulêng-ulêngan | pangawatira wong Pêngging ||

27. wong Pêngging karoban lawan | bêdhil luput lamun binêdhil kêni | nanging dèrèng nêdya mundur | kinawêt saking wetan | wus aliwung wong Pêngging pangamukipun | akathah ingkang pêpêjah | nêmlikur para patinggi ||

28. wus dhadhal dharate samya | kawan wêlas wong dharat ingkang mati | Dyan Jayadirja Tumênggung | bikut pangamukira | para mantri ngawaki prasamya ngamuk | kiwa têngên sampun sêmpal | pangawat kiwa kèh mati ||

29. santanane Jakartika | amicara kadi pundi puniki | sampun sêmpal kalihipun | inggih pangawat dika | ingkang têngên ngrumiyini pêdhotipun | tan wontên pêjah satunggal | pangawat kiwa kèh mati ||

30. kadi langkung tigang dasa | tiyang Pêngging ing aprang kang ngêmasi | napa dika tan lumayu | kidul lèpèn kewala | Jakartika nora sumaur marêngut | dadya kèndêl kang angucap | pangarsa binêrêg nisih ||

31. Dyan Răngga Wirasêtika | mangsah sarêng lawan Suryanagari | Jakartika ênggènipun | lêlêbak iring arga | ingkang taksih

--- 2: 125 ---

dharat wontên kalih atus | Dyan Răngga awas tumingal | yèn Jakartika Ngabèi ||

32. mêdhun jog saking turăngga | lumaksana dharat tan mawi klambi | Dyan Răngga rasukanipun | sinuwèk gya binuwang | wusnya cêlak Suryanagara anguwuh | hèh Jakartika têluka | eman mênawa ngêmasi ||

33. Jayakartika samana | bêbêdipun inggih sêmbagi wilis | cindhe kêmbang sabukipun | udhêng jingga rinenda | sadangune dipun ampil dhuwungipun | ing mangke wiwit dhuwungan | mungsuhe samya nyêlaki ||

34. nanging dèrèng nyêpêng tumbak | datan măntra-măntra wong magut jurit | lir lêledhang têgar iku | nguwuh-uwuh Dyan Răngga | Jakartika aja ta pugal sirèku | yèn sira gêlêm nungkula | sayêktine nêmu bêcik ||

35. Jakartika angling sugal | hèh dubilah pêpathak Sukawati | akon anungkul maringsun | wong mangan bras tadhahan | bêras kasap kongsia gigis untumu | Si Jayakartika mangan | bêras wangèn sabên ari ||

36. ambungên tanganmu padha | mambu apa hèh gênjik Sukawati | apa jampêng gêgobogmu | yèn wetan Mrapi ana | bocah nganjir lêlima plananganipun | măngsa ta dhêrakalana | têluk munyuk Sukawati ||

37. wau Tumênggung Jadirja | miwah Ranadiningrat [Ra...]

--- 2: 126 ---

[...nadiningrat] sarêng prapti | saking bêbujung mangidul | wurine Jakartika | kang tinêmpuh wong dharate akèh lampus | tumpêsan kang sami gagal | lumayu mangidul sami ||

38. ana kang lumayu nunggal | marang gène Jayakartika jurit | wus parêng ing ajalipun | sigra Ranadiningrat | ngêtab kuda Jayakartika pinistul | luput antuk santananya | kêna sirahe ngêmasi ||

39. gya Tumênggung Jayadirja | marêpêki wontên kilènirèki | Jayakartika pinistul | kêna pilinganira | nora pasah nanging kobêng mengo bingung | emut gya nyandhak talêmpak | ngamuk sawadyanirèki ||

40. wontên dharat pitung dasa | wus kinêpung tan wontên angênèni | numbak inguncatan gupuh | lamun tinumbak kêna | Jakartika pinistulan ngalor ngidul | talêmpakira tan angsal | kinêmbulan pra Bupati ||

41. Suryanagara mêmanah | pra bupati kang sami amistuli | para mantri datan antuk | pra bupati kewala | wong cilike wus kinêpung kinarubut | tan ana bisa alihan | kadya numbaki cêcindhil ||

42. Jayakartika wus rêbah | gya pinocok utamangganirèki | sampun karsaning Hyang Agung | têka tan antuk bela | wong kang dharat pêjah sawidak têtêlu | anunggil [anunggi...]

--- 2: 127 ---

[...l] sabin sakothak | dene ta kang kudu urip ||

43. anyêkêl kudaning mêngsah | buwang kêris têluk sarwi anangis | wadya lit samya bêbujung | ngidul ngambil bandhangan | anèng Ngasêm dènnya pacak barisipun | Tumênggung Ranadiningrat | Dipati Pugêr anuding ||

44. angaturakên mastaka | Ki Ngabèi Mad Salèh lawan malih | Ki Ngabèi Jayèngranu | sirahe winadhahan | anèng ancak wong kêkalih kang amikul | Dipati Pugêr akalnya | dene sirahing prajurit ||

45. cinara ancak saradan | jinajaran tumbak sanjata ngarsi | kang dulu akèh kapiluh | wau Pugêr Dipatya | pêparentah anêlukakên wong dhusun | pan lagya jinajayèng prang | yudane wong Sukawati ||

46. cinatur ingkang kaplajar | Dyan Tumênggung Rajamênggala prapti | ing nagara wanci surup | panggih lan Sang Dipatya | Sindurêja alon dènira umatur | pun anak Jayakartika | inggih kapupu ing jurit ||

47. aprang wontên Panêlaran | lèring Lèpènjêram mêngsahe jurit | Suryanagara Tumênggung | Răngga Wirasêtika | Jayadirja Ranadiningrat Tumênggung | myang Tumênggung Pusparana | gangsal ingkang pra bupati ||

48. botên kenging kula ampah | kêkathahên mêngsah kang dèn tadhahi | wontên [wontê...]

--- 2: 128 ---

[...n] ing dhadha gènipun | kula pangawat kanan | tiyang Pêngging kang pangawat kiwanipun | kula pun Ranadiningrat | lan Pusparana kang gitik ||

49. nanging botên patos lanas | inggih kenging kula tadhahi miring | pun Jayadirja Tumênggung | gitik pangawat kiwa | langkung wantêr pangamukipun abikut | tiyang Pêngging kathah pêjah | cacah kawan dasa iji ||

50. dene kang nêmpuh pun anak | Răngga Wirasêtika lan Suwandi | tan sagêd tulung-tinulung | sampun ajêng-ajêngan | ingkang pêjah sarêng pun anak pukulun | têtiyang sawidak tiga | nunggil sakothak kang sabin ||

51. wau kalane miyarsa | Sang Dipati Sindurja waspa mijil | ngutus punakawanipun | kang wadon tuturana | yèn lakine anèng paprangan kasambut | manggon ana jro kadhatyan | sawetaning kangjêng gusti ||

52. hèh Adhi Rajamênggala | dawêg kula bêkta manjing jro puri | ing mangke andika matur | sasolah tingkah dika | tiwasipun Jayakartika jro pupuh | wau dutane Sindurja | wus warta mring para rabi ||

53. rabine Jayakartika | duk miyarsa lakine angêmasi | sarêng anjrit tangisipun | rabinipun sakawan | santanane gumuruh ambata rubuh | sang nata kagyat miyarsa | lah sapa kang mucung iki ||

--- 2: 129 ---

37. Pocung

1. wetanipun si kulup dipati iku | sang nata gya têdhak | kang putra dipun timbali | iya kulup sawetan jaro ana pa ||

2. tangis umyung kang putra nêmbah umatur | gih mantri kawula | pun Jakartika ngêmasi | gène aprang wontên salèr Lèpènjêram ||

3. sang aprabu sigra animbali wau | Dipati Sindurja | sapraptanira jro puri | wus angirid Tumênggung Rajamênggala ||

4. praptèng ngayun dinangu marang sang prabu | Sindurja tur sêmbah | Rajamênggala tur uning | kala yuda kinarya pangawat kanan ||

5. kiwanipun tiyang ing Pêngging pukulun | pan sami bubuhan | botên kenging anulungi | tiyang Pêngging ingkang pêjah kawan dasa ||

6. pan kasêlut prange botên purun mundur | pun Jayakartika | kapupu madyaning jurit | sarowange cacah sawidak têtiga ||

7. wangkenipun pinocok tamangganipun | winadhahan ancak | pinikul tiyang kêkalih | jinajaran binêkta dhatêng Jakawal ||

8. ya ta wau alon ngandika sang prabu | ing sapungkurira | iya mungsuh ana ngêndi | nêmbah matur Tumênggung Rajamênggala ||

9. atut pungkur wontên Gumpang dèrèng wangsul | pun Suryanagara | Suwandi anglêlanangi | tan kumêdhèp kinarubut kalih dasa ||

--- 2: 130 ---

10. sang aprabu dènira ngandika gugup | Sindurja mêtua | undhangana pra bupati | atugura nèng alun-alun sadaya ||

11. ywa katungkul pacalange dèn lumintu | Garêmêt Kaleca | kidul amataha mantri | ajagaa ana ing Pajang Nglawiyan ||

12. watarèngsun Si Suwandi wani mlêbu | marang jroning praja | Rajamênggala turnya ris | dalu malih pukulun botên puruna ||

13. rintênipun inggih pun Suwandi purun | winongwong dening Hyang | rayi dalêm Sukawati | wadyanipun apurun-purun lêksana ||

14. jamakipun tyang antuk pêpêjah satus | apês antuk bela | mêngsah sadasa ngêmasi | ing wusana mung tatu kalih kewala ||

15. sigra mundur dipati sing ngarsa prabu | undhang sanagara | aja na turu sawêngi | amêlèka bok mungsuh ing wêngi prapta ||

16. duk puniku wong jro praja alit agung | kêkês giris maras | miris uwas kêtir-kêtir | dene mungsuh gêguyon dadya tangisan ||

17. samya ngungun de samene bobotipun | iya sapa nyana | Jêng Pangeran Mangkubumi | dadi rowang têka dadak dadi mêngsah ||

18. ya ta wau datan kawarna ing dalu | Dipati Sindurja | enjing malêbêt jro puri | tinimbalan praptèng ngarsa atur sêmbah ||

--- 2: 131 ---

19. dhuh pukulun paran ing karsa sang prabu | pan abdi paduka | sajro praja agêng alit | sami kêkês tyasipun gêmpal sadaya ||

20. sang aprabu alon pangandikanipun | ya mêngko Sindurja | sun arsa miyos tinangkil | Adipati Sindurêja nulya mêdal ||

21. sigra dhawuh sowan pêpakan sadarum | ngalun-alun aglar | pra bupati miwah mantri | datanapi sagunging para santana ||

22. ya ta wau tantara miyos sang prabu | munggèng panangkilan | aglar satriya bupati | para mantri ingkang nindhihi gêgaman ||

23. pra tumênggung wus tilar ing barisipun | ngandikan sadaya | aglar ing ngarsa narpati | sri narendra sora dènira ngandika ||

24. bocah ingsun para mantri pra tumênggung | miwah pra santana | kawruhana sira sami | aprakara patine Jayakartika ||

25. aja mêsgul aja na gêmpal atimu | Si Dhelo palastra | tiwas madyaning ajurit | wus pinasthi saka karsaning Hyang Suksma ||

26. samya nuhun wadya sadaya turipun | sang nata ngandika | balik dèn angati-ati | manawa na ing cidrane mungsuhira ||

27. lamun dalu rundhanira dèn lumintu | Dipati Sindurja | nêmbah matur tur udani | sapunika inggih pangajênging mêngsah ||

28. sami mundur

--- 2: 132 ---

wontên lèr Pepe pukulun | pun Ranadiningrat | nèng Sokawoya abaris | samya ngantos dhawuhipun rayi tuwan ||

29. sang aprabu jêngkar sampun angadhatun | ing wêktu punika | sabên kèndêl pukul katri | sri narendra miyos lênggah magêlaran ||

30. nèng lun-alun ngidêri baris sang prabu | awahana kuda | ngecakakên tyasing dasih | kunêng gantya wau ingkang kawuwusa ||

31. lampahipun kang bêkta mastakèng mungsuh | prapta ing Jakawal | wus katur marang ing gusti | tinêdhakan wontên ing paseban jaba ||

32. duk andulu pangran mijil waspanipun | ngandika ya tallah | liwat emane wong iki | têka mati pêpucuking bratayuda ||

33. mantrinipun kêkalih samya dinangu | katur aturira | miwiti malah mêkasi | saya ngungun agèdhèg sadangunira ||

34. duk puniku kang nuju sowan ing ngayun | Bupati ing Dêmak | Warung Balora duk myarsi | samya dongong myat ngunguning gustinira ||

35. pangran muwus Suranata wruhanamu | mantrining sang nata | siji iki luwih bêcik | wantêr mantêp santosa labuh nagara ||

36. sabên ingsun kinon anglurug ngong suwun | duk prang Madegănda | pan ingsun kesisan dasih | amung iki kang ana ing ngarsaningwang ||

37. nuli ngamuk

--- 2: 133 ---

amadhani wong sapuluh | akêplok angakak | tangkêpe lamun ajurit | ya mulane ing saparan ingsun gawa ||

38. kala ingsun ngosak-asik Gunungkidul | bêburu yayi mas | Buminata Singosari | amung iki ingkang dadi kanthiningwang ||

39. lamun iku olèha pangajaningsun | lan Mangkunagara | Si Jayakartika wani | Arya Pamot lawan Si Mangkudiningrat ||

40. roro iku gêgayêmaning prang pupuh | dadi jênêng ingwang | nora susah bêbantoni | iya uwis dening Si Jayakartika ||

41. nora kudu ingsun ginawan tumênggung | sanadyan têlua | Si Jayakartika siji | ingsun pilih siji Si Jayakartika ||

42. waosipun lan dhuwungira wus katur | tinarik saksana | pangeran kagyat lingnya ris | dene iki Si Panji Mangunnagara ||

43. dhingin iku kang gadhuhi rama prabu | mring Mangunnagara | apa mulane ing mangkin | dene têka dèn anggo Jayakartika ||

44. dhinginipun Si Jayakartika durung | iya anganggoa | ing kêris Si Panji iki | yèn wus lawas pasthi kawruhan dening wang ||

45. ngandika rum hèh Mad Salèh Jayèngranu | balèkna marana | sirahe Si Dhelo nuli | Kakang Pugêr konên wor gêmbunge kana ||

--- 2: 134 ---

46. lamun durung jinupuk ing sanakipun | nadyan ta uwisa | susulna sirahe iki | poma-poma ywa karya asmaraningwang ||

38. Asmaradana

1. jêng pangran ngandika malih | dhatêng ing Carangpradapa | Si Jayakartika kiye | ing nguni mantri kaparak | apa mulane dadya | mantri kadipatèn iku | hèh Carangpradapa sira ||

2. apa ta sira ngawruhi | ing purwane duk samana | lungsure kalungguhane | Carangpradapa tur sêmbah | inggih mêningi amba | dipun suwun pocotipun | mring Dipati Pringgalaya ||

3. raka paduka sang aji | inggih anurut sakêdhap | nging lajêng kaparingake | dhumatêng putra paduka | pangeran adipatya | milane wontên pukulun | bratayuda sarêmpilan ||

4. Jakartika dèn kêcêki | dhatêng ing putra paduka | Gusti Pangran Dipatya Nom | wit sabine putra tuwan | tigang èwu punika | amung sèwu ingkang katur | tinampèn putra paduka ||

5. ingkang kalih èwu maksih | wontên ing Kapringgalayan | dèn pundhut tansah sumados | botên angangge wêkasan | nuntên Jayakartika | kang kinèn mêndhêti purun | pundi kang kalêbêt sêrat ||

6. tyang Pringgalayan mêdali | para mantri para lurah | panumbak saragênine | mantri

--- 2: 135 ---

kêkalih kang têngga | nuntên Jayakartika | murugi sarwi kêkudhung | tobat mawia dhuwungan ||

7. rowang pitu rare alit | kabur tiyang kapatihan | pun Jagacitra pinocok | lawan pun Suradinala | inggih ugi tinigas | sirahipun kalih katur | dhatêng ing putra paduka ||

8. putra paduka jêng gusti | nuwun lilah mring kang rama | ingkang sirah pamanjêre | timbalan dalêm kang dhawah | dhatêng putra paduka | kinèn manjêr wetanipun | nêm dhêpa saking Galadhag ||

9. dalu tinêngga ing mantri | yèn rintên lurah kewala | inggih manawi cinolong | dhatêng tiyang Pringgalayan | kinèn angrampog pisan | pan ing mangke sabinipun | pukulun putra paduka ||

10. sampun jangkêp amêndhêti | inggih saking Pringgalayan | kêdhik gène nyingêdake | Adipati Sindurêja | Pringgalaya kang kathah | Jêng Pangran Sukawati duk | miyarsa atêbah jaja ||

11. anjêtung dangu tan angling | lajêng sidhakêp kewala | mêrêm sarwi gèdhèg-gèdhèg | ya Allah astapirullah | dangu datan ngandika | pan amung anêbut-nêbut | wus antara dangunira ||

12. anulya atutup kuping | sawusnya dangu ngandika | mêngko sun idhêp karêpe | marmane jaili mring wang | iya Si Pringgalaya | dimèn tutug sêdyanipun |

--- 2: 136 ---

gone andhêplok nagara ||

13. iya apa kang pinanggih | wong gawe lêtuhing jagad | hèh Jayakartika kowe | sun walês ing kabatinan | bêcikira maringwang | nadyan silih sang aprabu | kang maringkên karyanira ||

14. sabên ingsun kinon jurit | anglurug kinanthèn sira | sira nora bedakake | ya sang nata iya ingwang | mangkono anggêpira | nadyan panèwu-panèwu | nora ana kaya sira ||

15. pangeran dhawuhkên malih | hèh Jayèngranu lan sira | Si Ngabèi Amad Salèh | Kakang Pugêr kon muliha | marang ing Sukawatya | gênti tunggu wisma ingsun | sida angrampit nagara ||

16. nanging ta pangrampit mami | wurung mêtu Banyuanyar | ingsun anabêt patine | Ngabèi Jayakartika | supayane dadia | iya têtangkêping pintu | tiwas mati pintu mênga ||

17. nanging ingsun lagi nganti | Sakèbêr lan Pringgalaya | muthag-muthêg ing Garompol | ing wartane mèh budhalan | amaju barisira | lamun uwis anèng Mungkung | ing kono pangrampit ingwang ||

18. ana dene pra bupati | kang andhèrèk têdhak ingwang | ya amung lêlima bae | kang wus padha anèng kana | Kakang Pugêr sun tinggal | lan kabèh para tumênggung | padha kari [ka...]

--- 2: 137 ---

[...ri] tunggu wisma ||

19. lah uwis mangkata aglis | iya ora nganggo layang | pan mung layang kowe bae | mantri kalih nêmbah mêsat | saking ngarsa pangeran | ing marga datan winuwus | lampahe sadalu marga ||

20. ing barisan sampun prapti | Pugêr nuju kalêmpakan | caraka gya dhawuhake | timbalane Jêng Pangeran | Pugêr duk amiyarsa | muwus apa raganingsun | ing karsane jêng pangeran ||

21. diadu lan Adipati | Pringgalaya saupama | tan nganggo Wlănda kanthine | Mayor Kèbêr Senapatya | ingsun măngsa wêdia | dèn karubuta wong wolu | mungsuh kaya Pringgalaya ||

22. maksih jaluk imbuh mami | sathithike papat êngkas | gumêr arame gujênge | para mantri pra bupatya | sigra ngundhangi bala | ngabêkti kang pra tumênggung | sami andum karaharjan ||

23. bêndhene ngungkung tinitir | budhalan sabalanira | pra bupati ngatêrake | wangsul saonjotan samya | Pugêr sadalu marga | enjingipun prapta sampun | wus panggih lawan pangeran ||

24. rinangkul dipun cêblèki | hèh wakane katiwasan | têka matèni Si Dhelo | mêsakake lawan eman | bênêre piniluta | Dipati Pugêr umatur | langkung dènira ngla-êla ||

--- 2: 138 ---

25. sadasa jêr botên kêni | dalajade mega abang | Panêmbahan mega belong | Panêmbahan mega gêdhah | dadine nuntên pêjah | Brawijaya mega biru | akongkonan tan winawrat ||

26. sagunging para bupati | sadaya dèrèng kaduga | Paridan plêca-plêcune | amung pangeran kaduga | dadya gumujêng latah | ngandika mring pra tumênggung | hèh sakèhe bocah ingwang ||

27. apa sira wus atampi | malêcune kang dipatya | matura priye têgêse | sira Suradimênggala | Tumênggung Wilatikta | Dipati Suranatèku | nak ingsun Gadamastaka ||

28. iya Si Selanagari | Tumênggung Kartanagara | miwah Rêksanagarane | Brajamusthi Brajadênta | Tumênggung Singarana | lawan Têgal Angun-angun | Jalêksana Surajigja ||

29. Yudaningrat Pudhakmiring | samya tur sêmbah sadaya | raos punika artine | sami nuwun tan kaduga | inggih nuwun jinarwan | kyai lurah plêca-plêcu | punika wontên punapa ||

30. pangeran ngandika aris | têgêse iki ki raka | nguring-uring sêntanane | iya ingkang dadi raja | kongkon Jayakartika | tan nganggo bobot puniku | mulane mati ing rana ||

31. payo padha dèn padoni | iya ingsun rewangana | iku pan bênêr lakune |

--- 2: 139 ---

wong kongkonan magut yuda | pasthi angambil manah | lan dadi wajibing ratu | budi atèr maring wadya ||

32. wong bênêr dèn uring-uring | mendahane yèn luputa | banjir bandhang panutuhe | gumêr sagung pra bupatya | Pugêr alon turira | bênêr ing pundi puniku | wus ratu anèng nagara ||

33. dadak ngêrenah wong cilik | Dhelo ingsun rowangana | angrêbut nagaraningong | iya pirabara benjang | iku sabda nora sah | sawahe Ngêndho mung satus | dikon nindhihi arahan ||

34. dèn adu lan pra bupati | mendah yèn ora nêlika | mungsuhe padha tos-atos | Dyan Tumênggung Jayadirja | gêdhe dhuwur agagah | sawahe sèwu nêmatus | Dyan Răngga Wirasêtika ||

35. akanthèt otote bêcik | dhasare sugih santana | sawah rongèwu lungguhe | Tumênggung Suryanagara | kadi Somba paradan | sawah sèwu limang atus | Tumênggung Ranadiningrat ||

36. kaya Panji Wanèngpati | lunga namur duk jêjaka | lêlungguh sèwu cacahe | Dyan Tumênggung Pusparana | kadya putri Wiratha | lêlungguhe sawah sèwu | bêbenggole jênêng ingwang ||

37. têlung èwu sawah mami | benggole wong Sukawatya | lah saka ngêndi bênêre | panatus [pana...]

--- 2: 140 ---

[...tus] Jayakartika | wong prentah tanpa ngrasa | gumêr kang para tumênggung | awali ambal-ambalan ||

38. sang dipati angling malih | kukume puniku padha | wong tanpa dosa binêlok | dèn usung marang paprangan | dibrukake gêmrobyag | bêlokane nora ucul | banjur rinampog kewala ||

39. sabênêr-bênêring tandhing | iya Si Jayakartika | lawan Ngabèi Mad Salèh | miwah Singadirja Sima | sawah ngrongatus cacah | iku parentah satuhu | nora ngawur ngayawara ||

40. apa sun sarowang mami | dèn anggêp gênjik kewala | dupèh kuwuk desa kabèh | ya dadi abahan apa | dubilah nora tallah | iya apa bedanipun | padha têrah Nabi Adam ||

41. sangsaya abêlik-bêlik | gujênge kang pra bupatya | jêng pangran ngandika alon | lah kapriye sanak-sanak | padha kalah ta sira | sadaya sami umatur | saèstu asrah bongkokan ||

42. ya ta wontên playon ngungsi | patang puluh saking Sala | Mesa Jlamprang sakancane | kang dadya pangajêngira | nama Singadirana | nêdya nusul kancanipun | kang nama Carangpradapa ||

43. nèng pakuwon wus kapanggih | maksih dadya kalangênan | Carangpradapa karyane | angawruhi wong niyaga | gandhèk [ga...]

--- 2: 141 ---

[...ndhèk] yakin awruhan | wantu parigêl umatur | Carangpradapa ris mojar ||

44. lingnya kakang dika inggih | lumampah nyêrat andika | dawêg kula aturake | Dipati Pugêr Manggala | dimèn konjuk Pangeran | Dipati Pugêr puniku | ngiras carik padamêlan ||

45. ing dalu samya lumaris | marang pondhok kapugêran | prapta sampun manjing pondhok | dinangu Carangpradapa | katur saaturira | wus kinèn anggawa maju | Pugêr arêsêp tumingal ||

46. pinundhut tulisanèki | Pugêr kagyat duk tumingal | sampun angalêm tulise | dhapur kasutamênggalan | Carik Natakusuman | sak-Allah ing besuk esuk | yêkti yèn suka pangeran ||

47. dene warnane apêkik | dhasar wong têka nagara | wêruh Samadipurane | Suligi lawan Brêmara | inggih pan kuwanuhan | datan kawarna ing dalu | enjing wus binêkta seba ||

48. jêng pangran sampun umijil | alênggah paseban jaba | Pugêr prapta nyebakake | abêbisik aturira | dadosa pêpenginan | dhasare pangeran dulu | langkung rêsêpe kalintang ||

49. nulya kinèn anênulis | sêrat maring ing Gumantar | pinitungkas ijoane | Tumênggung Samadipura | wau wus tinimbalan | prapta inganthukan [inganthuka...]

--- 2: 142 ---

[...n] maju | nèng wurine kang nênurat ||

50. langkung ngungune ningali | marang pawong mitranira | dupi wus dadya sêrate | katur mèsêm jêng pangeran | lajêng kinèn angêcap | wasis ing ukara alus | sampun nuduh kang dinuta ||

51. nulya damêl sêrat malih | ngilèn maring pra bupatya | sami nunggil parentahe | dina Sênèn angkatira | saking ing Majakawal | Kumpêni wus praptèng mungkung | lagi angsal kalih dina ||

52. tan adangu nulya dadi | wus lajêng ngêcapan pisan | sigra lumampah dutane | kang mangidul ngilèn samya | sarêng sami sadina | kabèh pra bupati kumpul | ing pukul satêngah sanga ||

53. jêng pangeran ngandika ris | kabèh padha ngestokêna | Si Singadirana kiye | lagi têka Surakarta | mêngko sun junjung lênggah | iya namaa tumênggung | Si Tumênggung Sindusastra ||

54. ing têgêse iku carik | nanging durung duwe kănca | lagi tri atus sawahe | Si Tambak Pagêr Sikaras | ya pirabara benjang | tunggala lawan sirèku | Tumênggung Samadipura ||

55. pangeran wus angundhangi | wadya rongatus patbêlas | tumênggung tinilar kabèh | mung mantri bêkta sadasa | sakawan mantri ngarsa | nênêm para mantri pungkur | lêlurahe anyadasa ||

56. sakathahe pra bupati | rintên dalu wus samêkta | wau kang

--- 2: 143 ---

duta kalihe | sami prapta kalih pisan | ingkang marang Gumantar | myang mring pabarisanipun | pra Bupati Sukawatya ||

57. samya sandika turnèki | Bupati ing Sukawatya | sigra ngirabkên barise | têtêlukan kang jaranan | satus wolu cacahnya | saantuke kang anungkul | lèr marga sawetan marga ||

58. margi ngalèr Bayalali | margi ngetan Majasanga | mung Pêngging kang maksih mogok | lèr margi nungkul sadaya | sayêkti pêpatutan | kang amogok kang anungkul | pan sami pakantukira ||

59. ing Ngasêm dèn broki malih | gonira nata pacêkan | wontên nêmatus angsale | ingkang warni kêkapalan | wontên sèwu kang dharat | gantya malih kang cinatur | Jêng Pangeran Sukawatya ||

60. budhal datan ngêtawisi | ari Soma Lêgi enjang | wimbaning lèk ping salawe | têdhakipun jêng pangeran | saking dhusun Jakawal | rêrêp kasarèn sadalu | enjing angidul lêlampah ||

61. Pangeran Mangkunagari | budhal saking ing Gumantar | kêbut sawadyabalane | kunêng malih kawarnaa | barisan Kalijêram | pan ingkang kalih tumênggung | kinon amilih panggonan ||

62. amrih pêncar ingkang baris | Dyan Tumênggung Jayadirja | anèng Kêmadhoh barise | Tumênggung Ranadiningrat |

--- 2: 144 ---

nèng kulon Pringgalayan | wus pêpêt ing marga agung | tan ana kêna lumampah ||

63. antawising wolung ratri | patine Jayakartika | lawan pangeran praptane | gègèr malih Surakarta | wong pacalang tan têbah | sampun matur ing sang prabu | mungsuh tan nêdya mundura ||

39. Durma

1. wanci pukul sadasa prapta pangeran | ing Lèpènjêram dèsi | Dyan Suryanagara | Răngga Wirasêtika | Pusparana angantuni | bupati tiga | sampun majêng kang baris ||

2. abusêkan nagari ing Surakarta | katur ing sri bupati | kang rayi badhenya | èstu ngrampit nagara | ing mangke pan sampun prapti | Ngasêm pinarak | kèndêl anata baris ||

3. abdi dalêm macalang amung Kaleca | ngilèn pan botên kêni | kapêpêtan mêngsah | datan kenging ingambah | wontên sèwu kang turanggi | nging pêpilihan | rayi dalêm ngawaki ||

4. sarwi gugup dènnya ngandika sang nata | wong nglurug apa iki | nora wruh ing mêngsah | lamun umanjing praja | hèh Sindurja bok manawi | mindha yayi mas | yêktine Si Suwandi ||

5. Adipati Sindurja matur akêkah | dhuh pukulun sang aji | măngsa ta pandunga | inggih abdi paduka | nadyan busanane sami | sruwal rasukan | nging sanès dhêsthar gusti ||

6. rayi

--- 2: 145 ---

dalêm dhêstharipun cêmukiran | jingga Radèn Suwandi | lancingan rasukan | tan wontên ingkang siwah | inggile kaot rongnyari | lan ari nata | anyênyamar ing warni ||

7. lampahipun ajalêr rayi paduka | lan cahya kaot wêning | kathah kakilapan | yèn inggih sadlèrèngan | dangu-dangu kuningnèki | Suwandi pêthak | rayi paduka wilis ||

8. sri narendra ngandika baya yayi mas | mung mandhêg Ngasêm nuding | Suwandi kewala | Sindurja matur nêmbah | Suwandi dhuwunge katri | rayi paduka | amung wangkingan kalih ||

9. datan arsa amangking curiga tiga | sang nata ngandika ris | iya kancanira | aja na kang sêmbrana | bewake dèn ngati-ati | praptaa Kleca | gawat Si Mangkubumi ||

10. Sindurêja nêmbah mijil aparentah | mring sagung pra bupati | tuwin pra santana | ngumpulkên wadyanira | ingkang wahana turanggi | sawusnya kêmpal | gunggunging kang prajurit ||

11. gangsal atus turanggane pra santana | dhomas ingkang lumaris | mêmatah parentah | aminta-minta bala | kaparak têngên tinuding | ywa kongsi kesah | kidul bubuhanèki ||

12. kinanthènan wong kalang sadayanira | lan wong Gêdhong sapalih | tindhih kaliwonnya | ngalèr bupatinira | kidul prasamya jagèni | ing praptanira |

--- 2: 146 ---

Pangran Mangkunagari ||

13. nanging sabên sontên sami magêlaran | mangkana kang winarni | pra jajar kaparak | dalah sarowangira | kang pacalang Kleca dèsi | prapta kaplajar | mring jro praja tur uning ||

14. yèn ing Gumpang maya wus kanggènan mêngsah | Pangeran Sukawati | saking Ngasêm budhal | wadyanipun pangarsa | Jayasudirga dèn broki | kagila-gila | bêbahak bêboyongi ||

15. anèng Tuwak Tumênggung Ranadiningrat | ing Gumpang kang barisi | bupati satunggal | Tumênggung Pusparana | bakda sar sang nata mijil | kapraboning prang | kang putra datan kari ||

16. lir sêsulung turăngga ingkang macalang | sang nata angidêri | pan munggèng turăngga | baris yèn winatara | pitung èwu malah luwih | dharat turăngga | oprup amarentahi ||

17. para mantri bae kang amacalanga | aja nganggo wong cilik | dhompo aturira | oprup kaku tyasira | wus têdhak saking turanggi | jêng sri narendra | lênggah bangsal pangrawit ||

18. duk pinarak malêdug turăngga prapta | kadya kaburu jurit | praptèng pagêlaran | matur atur uninga | yèn Pangeran Sukawati | pan sampun prapta | wadyanira anggili ||

19. kadi lajêng tangkêpe ingkang gêgaman | orêg [orê...]

--- 2: 147 ---

[...g] sagunging baris | drahgundêr wus prapta | satus gugup sang nata | kontrag wadya sanagari | bingung puyêngan | rare pating jalêrit ||

20. Totlomondo angling marang mantrimuka | kadiparan dipati | wau kula warah | pacalang kang prayoga | sampun mêmatah wong cilik | mantri kewala | têka pacalang cilik ||

21. nora arus karya kagyating narendra | di ana bêngi-bêngi | wong gêdhe apêrang | wus satêngah nêm mangkya | sang dipati sigra nuding | mring putunira | Tirtawijaya nami ||

22. Pakuningrat nganthèni Suraprameya | kaparak anganthèni | Ki Bênêr samana | lawan mantri têtiga | oprup ingkang andhawuhi | iya awasna | yèn nyata anêkani ||

23. dipun enggal nuli balia kewala | sigra anêmbah sami | mantri mring sang nata | mêsat asêsandêran | ing Garêmêt sampun prapti | datan katingal | lajêng mangilèn sami ||

24. amung kuda pêpitu praptèng Kaleca | kilèn Kaleca kèksi | wadyabala aglar | nguculi prabot kuda | pangeran kang dèn sanggrahi | nèng Bêlulukan | mantri pangajêng sami ||

25. kèndêl anèng kilèn Kaleca gènira | dalah sasikêpnèki | ana kuda prapta | nora dèn munasika | tinakènan amangsuli | sarwi pratela |

--- 2: 148 ---

lamun kang prapta mangkin ||

26. tuhu kangjêng gusti pangeran piyambak | wadya ingkang umiring | mung bupati gangsal | benjing enjing umangsah | yèn dika maido kyai | kêna kewala | dika priksa pribadi ||

27. sigra wangsul anandêr ponang caraka | ing alun-alun prapti | horêg kang gêgaman | praptane kang pacalang | wus prapta ngarsèng narpati | umatur nêmbah | pukulun sri bupati ||

28. mêngsah kèndêl nguculi prabot turăngga | badhe ing benjing enjing | gènipun umangsah | angantêp yudanira | tuhu kang angirid baris | botên utusan | rayi dalêm pribadi ||

29. duk miyarsa anglês tyasira narendra | hèh Sindurja dèn bêcik | sawêngi ywa obah | bewakmu aja towang | ngandika malih sang aji | lah oprup sira | mapaga yuda enjing ||

30. pra santana kabèh milua ing sira | hèh sagung kadang mami | Yayi Dinagara | Dhimas Adiwijaya | Buminata lawan malih | iya yayi mas | Răngga mapaga jurit ||

31. kulup Angabèi Adhi Mas Panular | myang Danupaya yayi | dèn padha prayitna | oprup matur sandika | ing wanci wus bakda Mahrib | kondur sang nata | sapraptanirèng puri ||

32. oprup pamit mêdal siyaga magud[17] prang | miwah santana

--- 2: 149 ---

sami | wus samya siyaga | kunêng gantya winarna | Jêng Pangeran Sukawati | nèng Bêlulukan | ingkang rêmbug wus dadi ||

33. yèn pinêthuk ing Grêmêt miwah Kaleca | badhe gêlaring jurit | tan mawi pangawat | yèn ungguling ayuda | anaa pangawat malih | panjinging praja | kang kinèn andhadhani ||

34. sakancane Dyan Tumênggung Jayadirja | ingkang pangawat kering | Dyan Suryanagara | Răngga Wirasêtika | Pakuningrat tan dèn broki | lèr Pakauman | kang dhadha jog ing baris ||

35. Ngadipala anjog sakidul Kêmlayan | nocok sakidul masjid | dene jêng pangeran | dadya pangawat kanan | Ngadipala ngidul malih | nuntên angetan | lèr Pagajahan ngrampit ||

36. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | têngara wong Kumpêni | tambure gumêrah | salomprèt mung satunggal | satus drahgundêr Walandi | satus kang Islam | tindhih Kaptin Samsudin ||

37. pra santana nèng wurine Kumpêni Slam | sagêgamaning jurit | lamun ginunggunga | kalih èwu sadaya | bidhalipun ingkang baris | pan kinurmatan | maryêm ping sapta muni ||

38. gumarêdêg kèbêkan sagunging marga | bêndhe gong lawan suling | abarungan munya | kang anèng Balulukan | prajurit sampun rinakit |

--- 2: 150 ---

arêbat papan | Kaleca dèn ênciki ||

39. Dyan Tumênggung Suryanagara kalawan | Dyan Răngga kang angirid | myang Ranadiningrat | Tumênggung Pusparana | wus sami tilar turanggi | amaju rampak | ngirid mantri pinilih ||

40. praptèng wetan Kaleca bala Walănda | kèndêl amasang rakit | lèr Kumpêni Islam | kidul satêngah marga | sagung drahgundêr Walandi | majêng sakêdhap | mungsuh kasêlak prapti ||

41. nyèrèt watang Dyan Răngga Wirasêtika | miwah Suryanagari | anglêlandhak tumbak | giyak panêmpuhira | Kumpêni asru ngêdrèli | lir arga gograg | swarane drèl Kumpêni ||

42. jêng pangeran nindhihi wurining bala | ingkang mantri pinilih | arja songsong jênar | dupi êdrèl ping tiga | pra mantri amalês bêdhil | para bupatya | nusup kukusing bêdhil ||

43. Alpèrèse tinumbak Suryanagara | niba saking turanggi | sareyan tinumbak | Răngga Wirasêtika | Surajigja anumbaki | pinistul kêna | baunira kang kering ||

44. Surajigja nora sangsaya sudaa | malah krodha mawêrdi | bikut pamukira | Wlănda papat kang pêjah | dhadhal barising Kumpêni | Kumpêni Islam | kathah ingkang ngêmasi ||

45. Totlomondo mubêng rumêksa [rumê...]

--- 2: 151 ---

[...ksa] ing bala | pra santana nulungi | nulya Jêng Pangeran | Sukawati mangarsa | atilar songsongira glis | ngêtap turăngga | watangira pinusthi ||

46. amuk-amuk akukuk wong Sukawatya | giyak aloke sami | dhadhal pra santana | dadya mundur apisah | kalawan bala Kumpêni | Suwandi Răngga | wus nitih kuda malih ||

47. miwah sagung para bupati kang dharat | sigra nitih turanggi | tut wuri santana | nyanjata saking wuntat | pistulira mobat-mabit | Pangeran Răngga | binêdhil saking wuri ||

48. ricikira pistule Pangeran Răngga | ingkang kêni ing mimis | jêmpole katratas | kipat pistule tiba | sinurakan wanti-wanti | Pangran Panular | bokonge kuda kêni ||

49. gobrah-gobrah sinurak akon nolèha | jêng pangran angajani | Suwandi sêsumbar | dhuh dhuh para pangeran | dene sigid ingkang warni | asongsong jênar | jêbul jirih lir èstri ||

50. oprup atur uninga tiwasing aprang | ajidan kang rumiyin | nyandêr malbèng pura | ing alun-alun prapta | wêwarta yèn kasor jurit | gya manjing pura | umatur ing sang aji ||

51. lamun oprup kasor prang anèng Kaleca | mêngsah taksih angungsir | ajidan sawusnya | matur anulya mêdal |

--- 2: 152 ---

gugup kangjêng sri bupati | ngrasuk busana | kang putra dèn timbali ||

52. abusêkan katon kang obong-obongan | bêdhil sangkin mrêpêki | tambuh solahira | wadya ing Surakarta | larane sèwu panastis | nora karuwan | jêjênthik milu sêdhih ||

53. akatula-tula lir coplok-coploka | tuwa nom gêdhe cilik | wadya Sukawatya | kang bujung sing Kaleca | Suryanagara kêkinthil | tansah sêsumbar | wong Surakarta sami ||

54. anolèha dene iku kèh pangeran | padha asigit-sigit | apa nora wirang | dene têka lumajar | eman warnamu apêkik | tinggal gêlanggang | dudu sutèng narpati ||

55. kacarita Pangeran Mangkunagara | saking kidul angrampit | wontên kuda dhomas | wus nabrang Kaliwingka | kaparak ingkang nadhahi | kang dadi dhadha | kalang pangawat kering ||

56. Dyan Tumênggung Jayawikrama kalawan | Sumadinala kanthi | saragni jro samya | pinangku ing wadana | Pangeran Mangkunagari | sigra narajang | kukuk sawadyanèki ||

57. tinadhahan dene kang wadya kaparak | rame bêdhil-binêdhil | pêngkuh ingkang dhadha | pangawat tinarajang | kang kiwa pêdhot tumuli | pangawat kanan | anêmpuh marêpêki ||

58. dadya mungsuh kang moncèr asangêt taha | dangu dènira [dè...]

--- 2: 153 ---

[...nira] jurit | punggawaning mêngsah | nama Ki Mangkuyuda | kabranan baune kering | gya ginosongan | binêkta mundur aris ||

59. dadya dangu ajêng-ajêngan kewala | gantya lèr kang winarni | Dipati Sindurja | Pangeran Pakuningrat | sakancane para mantri | tampi timbalan | kinon bantu ing jurit ||

60. bidhal ngilèn kapêthuk kang mundur yuda | nèng marga sawetaning | ing Kartanagaran | Kawiradigdan lama | kèndêl kang bala Kumpêni | sakêdhap tata | mungsuh anunjang wani ||

61. ngamuk punggung kalawan watang curiga | Kumpêni angêdrèli | rinukêt kewala | Kumpêni kagègèran | wus rusak tataning baris | sang mantrimuka | putune angêmasi ||

62. dhadhal malih lumajêng baris Walănda | ngetan anurut margi | kumpul pra santana | Pangeran Pakuningrat | amangidul ngetan malih | sang adipatya | dhawah saking turanggi ||

63. rinarămpa inginggahakên turăngga | gêgancangan lumaris | wontên tur uninga | lamun kang wayah tiwas | Tirtawijaya ngêmasi | kagyat amaras | nênggak waspa anggêndring ||

64. praptèng kidul Kamlayan bantune prapta | sakawan pra bupati | Dyan Puspanagara | kalih Nitinagara | Wiraguna lawan malih | pêpatihira | kangjêng pangran dipati ||

65. kang anama Tumênggung [Tu...]

--- 2: 154 ---

[...mênggung] Tirtanagara | sami majêng sakêdhik | wetan Kadipala | wau pamêthukira | cinatur mêngsah kang prapti | kang dadya dhadha | anjog sakidul masjid ||

66. ingkang kiwa anjog lêlurung Galadhag | kang têngên anjognèki | salèr kandhang gajah | pojok jaro kadhatyan | Jayadirja kang nindhihi | barising dhadha | lan para mantri ngarsi ||

67. pangawate kering têtindhih Dyan Răngga | lawan Suryanagari | pangawate kanan | jêng pangeran piyambak | Ranadiningrat kang ngiring | Dyan Jayadirja | Pusparana dèn kanthi ||

68. para mantri pinilih kang sapanduman | tumut Jadirja jurit | dene kang saduman | tut wuri Pusparana | wau ta ingkang nadhahi | Puspanagara | lajêng campuh ing jurit ||

69. mantri ngarsa salawe kang mangsah yuda | kinèn nèng ngarsanèki | Tumênggung Jadirja | kumrutug pistulira | salawe nora nganggopi | nêsêk anunjang | wantêr akaduk wani ||

70. karya ebat sagung janma kang umiyat | prawira Sukawati | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | dhasar jinajayèng jurit | winong dening Hyang | dhadhal kang pra bupati ||

71. Dyan Tumênggung Puspanagara sutanya | pupon kacandhak mati | lawan Jadirana | jaksa ing kadipatyan | sarêng kapupu

--- 2: 155 ---

ing jurit | anèng Kêmlayan | wong Surakarta miris ||

72. maras uwas tatas rantas anglês ing tyas | sumbar wong Sukawati | hèh wong Surakarta | katon apa wak ingwang | sira mlayu sun parani | pan dudu macan | lan dudu sarpa mandi ||

73. palajênge sagunge para santana | kang sarêng lan Kumpêni | prapta loji samya | ana kang lajêng ngetan | tan nêdya ngumpul mring puri | para pangeran | tan ana kantun siji ||

74. Pangran Pakuningrat Dipati Sindurja | kèndêl sawadyanèki | ing sapinggirira | ngalun-alun kang wetan | kumpule ingkang prajurit | mung pitung dasa | dharat tan ana malih ||

75. Dyan Tumênggung Puspanagara kèndêlnya | nèng wismane pribadi | Dyan Nitinagara | lawan Tirtawiguna | lajêng lumêbêt ing puri | sakancanira | wau jêng sri bupati ||

76. arsa miyos tinunjang wong ngili samya | manjing sajroning puri | tan wruh yèn kadhatyan | ing rèh bingung kalintang | wus lali kawula Gusti | mung rêbut gêsang | pati-pati bêntusi ||

77. ana ingkang nangis kang lakine pêjah | para dyah kontrang-kantring | anèng palataran | Ngabèi Jadirana | ingkang sampun angêmasi | prang Ngadipala | kang wadon angulati ||

78. pangrungune lakine anèng jro pura | bingung pating jalêrit | wêwah

--- 2: 156 ---

bong-obongan | kilèn kiduling pura | ngalad-alad gêgirisi | swaraning surak | barung grubuging agni ||

79. angumandhang sêngganing swara ruhara | gora kagiri-giri | gêtêr patêr kadya | bêlah ingkang bantala | langit sapta anungkêbi | prihatin dahat | kangjêng sri narapati ||

80. laju miyos lawan jêng pangran dipatya | kèndêl ing sri manganti | tambah kapiyarsa | wontên mantri tur priksa | gusti mêngsah ngidak wani | pangarsanira | nocok sakidul masjid ||

81. abdi dalêm Sindurêja Pakuningrat | kang sami ambantoni | sampun kapalajar | balanipun kèh pêjah | dene bêbantu ing wuri | Puspanagara | Nitinagara wingwrin ||

82. lawan Tirtanagara Tirtawiguna | sakancane angisis | tandange kang mêngsah | tuhu kagila-gila | tan kenging dipun tanggêni | nunjang angidak | golong gêlêng gumuling ||

83. Saradipa saking loji praptanira | dinangu ing sang aji | paran Saradipa | prange para santana | Walonda lan pra bupati | Ki Saradipa | tur sêmbah nuwun gusti ||

84. abdi dalêm sampun sirna kapêlajar | samya arêbat urip | sawontêne mangkya | mèpèt ing panangkilan | mêngsah wontên kinul[18] masjid | jêjêl ing marga | tarab tumbak kinêmpit ||

85. abdi dalêm Kumpêni [Ku...]

--- 2: 157 ---

[...mpêni] muwêr kewala | jro loji tan mêdali | sănggarunggi ing tyas | inggih dhatêng paduka | ngandika jêng sri bupati | lamun mangkana | sagunge garwa mami ||

86. lawan gêdhe cilik sakèh putraningwang | gawanên maring loji | minăngka pratăndha | yèn ingsun wus pitaya | abipraya lan Kumpêni | nuli mangkata | sun arsa mapag jurit ||

87. lah dhawuhna mring oprup karsa manira | nêmbah Saradipa mit | malêbèng jro pura | ngirid pra garwa putra | sêpuh anèm para putri | kêrig sadaya | binêkta maring loji ||

88. bêdhah jaro prênah ingkang kidul wetan | sapraptanirèng loji | oprup duk tumingal | polahe garwa putra | miwah sagung putra putri | kang timur samya | ginendhong myang dèn indhit ||

89. langkung ngêrês Totlomondo ing tyasira | sigra kinèn anarik | wau mriyêmira | kang marêk mring kadhatyan | oprup sampun dèn dhawuhi | lamun sang nata | arsa umagut jurit ||

90. wus pinêpak sawontêne abdinira | sampun tan wontên malih | mung mantri kaparak | wira-wiri macalang | Gêdhong tumut dhatêng loji | ngiring pra garwa | putra-putri lit-alit ||

91. oprup nuduh marang salotêr kapitan | mung bêkta sa-Kumpêni | dhèrèk jêng sri nata | salotêr [salo...]

--- 2: 158 ---

[...têr] sigra mangkat | wong ing kadipatèn prapti | malêbèng pura | pitung dasa watawis ||

92. kang umiring sang nata mung para magang | wong kawan dasa kalih | pinaringan tumbak | lan abdi Suranata | wontên sadasa tan luwih | myang nyai lurah | papat kaparak jawi ||

93. sri narendra wus mangking Kyai Bêlabar | waos agêm sinandhing | pan Kyai Kêbomas | dene Pangran Dipatya | Ki Mesanular winangking | Kyai Baruwang | cinothe munggèng kering ||

94. waos Kyai Panatas sampun cinandhak | têdhak sri narapati | bêndhe Kyai Becak | ginêntosan wong lanang | agul-agul Gêrdapati | ingkang rumêksa | ngampil tabuhirèki ||

95. lagya prapta salêbêting brajanala | ana wadya tur uning | kalamun Pangeran | Mangkunagara prapta | saking kidul dènnya ngrampit | akêkapalan | wadya sèwu watawis ||

96. kang nadhahi pra abdi dalêm kaparak | pun Kartinala tindhih | lawan Jawikrama | nanging karoban mêngsah | dene gènipun ajurit | lèr Kaliwingka | Kadhawung ngilènnèki ||

97. myarsa bêdhil wor surak tangis gumêrah | kuwur tyasnya sang aji | wong wayang wuyungan | kadya gabah ngintêran | pawèstri myang rare alit | abilulungan | nunjang ngarsa sang aji ||

98. wantu dèrèng [dè...]

--- 2: 159 ---

[...rèng] wontên sitinggil samana | mulat sri narapati | mangalèr katingal | blêduge wong lumajar | kasusu tiba kuwalik | tangi katunjang | tangi malih anggêndring ||

99. sampun kobar pondhok kilèn pagêlaran | mungsuh katur umanjing | ngalun-alun samya | sigra têdhak sang nata | ngandika mring para abdi | lah payo bocah | sêdhênge mangsah jurit ||

100. abdi dalêm magang sami ting jalemprak | munggèng ngarsa sang aji | ana cikrak-cikrak | ana kang têtayungan | Mangkudiwirya Ngabèi | lêlurahira | Citradiwirya ari ||

101. duk inggahe Tumênggung Citradiwirya | tinanêm anèng Pathi | arine gumantya | kalurahane magang | tigang atus ingkang sabin | Mangkudiwirya | bagus anom ing warni ||

102. akêkèjèk munggèng ngarsane sang nata | nêpsune awor tangis | mubêng kiprah-kiprah | dalah sakancanira | ana gêdrug-gêdrug siti | ana kang onclang | kèh tingkah ing prajurit ||

103. sampun rawuh sang nata ing panangkilan | mulat ngilèn kaèksi | wong kulambi abang | têtiga kang satunggal | udhêng kuning klambi kuning | cêmêng waosnya | sinèrèt wangkit godhi ||

104. kang kêkalih tiyang badhugal kewala | nyangkêlit upêt sami | juru ngobong wisma |

--- 2: 160 ---

sang nata angandika | kang katon iki wong ngêndi | wadya turira | têtiyang Sukawati ||

105. sri narendra dhawuh nabuh Kyai Becak | agul-agul kang gitik | gumapruk kewala | ping kalih kaping tiga | kaping pat maksih tan muni | katur sang nata | yèn Ki Becak tan muni ||

106. sri bupati dahat maras sajroning tyas | agèdhèg ngandika ris | abot Si Sujana | tuhu prajuriting rat | gêtêm-gêtêm sri bupati | wau kang putra | jêng pangran adipati ||

107. matur mring kang rama sarwi rawat waspa | kawula nuwun pamit | magut ing ayuda | inggih arsa mêthuka | prange Paman Mangkubumi | singa tiwasa | kang rama ngandika ris ||

108. kulup aja anadhahi pamanira | abot Si Mangkubumi | lawan durung măngsa | kang putra kêdah mêksa | kang rama sangêt gondhèli | kadya raup rah | pasuryane jêng gusti ||

109. lir garudha pinandêng munggèng wanteyan | saking ngampêting runtik | sang nata umiyat | baris mêndhak atarab | prênah lèr wetan watawis | mung pitung dasa | bandera kalih supit ||

Punika lajêng nyandhak buku jilidan ăngka III.

 


kaponthal-ponthal. (kembali)
gurnadur. (kembali)
Tumênggung. (kembali)
brêngose. (kembali)
godhège. (kembali)
janma. (kembali)
wonge. (kembali)
§ 1672 = taun Walandi: 1747. (kembali)
Tanggal: Saptu (Sêtu) păncawlas (15) Bêsar Êbe (Be): sêmbah sapta rasa siji (AJ 1672). Tanggal Masehi: Selasa 19 Desember 1747. Pada bulan Bêsar tahun AJ 1672, hari Sêtu jatuh pada tanggal 5 (Sêtu Paing), 12 (Sêtu Wage), 19 (Sêtu Lêgi), dan 26 (Sêtu Pon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sêtu 5, 12, 19, atau 26 Bêsar AJ 1672 (Sabtu 9, 16, 23, atau 30 Desember 1747). (kembali)
10 § 1673 = tahun Walandi 1748. (kembali)
11 Tanggal: Sênèn pisan (1) Sura Wawu: gunaning resi bah ing rat (AJ 1673). Tanggal Masehi: Rabu 3 Januari 1748. Pada bulan Sura tahun AJ 1673, hari Sênèn jatuh pada tanggal 6 (Sênèn Paing), 13 (Sênèn Wage), 20 (Sênèn Lêgi), dan 27 (Sênèn Pon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 6, 13, 20, atau 27 Sura AJ 1673 (8, 15, 22, atau 29 Januari 1748). Lihat juga: BG Balai Pustaka (Pratelan Titimangsa, hlm. 93): "Gunaning rêsi bah (obah) ing rat (1673). Sinuhun P.B. II têdhak dhatêng Samarang anjênêngi nikahipun Gupêrnur Hogêndorêp kalihan anakipun èstri Dêlèr Jakub Musêl. ... Kondur dhatêng Surakarta dintên Anggara tanggal kaping 9, dumugi kadhaton dintên Sukra." Mengenai tanggal kepulangan P.B. II dari Semarang ke Surakarta, lihat: Pupuh 32.4.1-2 di bawah. (kembali)
12 Tanggal: Anggara (Slasa) sanga (9) [Sura: AJ 1673]. Tanggal Masehi: Kamis 11 Januari 1748. Pada bulan Sura tahun AJ 1673, hari Slasa jatuh pada tanggal 7 (Slasa Pon), 14 (Slasa Kliwon), 21 (Slasa Paing), 28 (Slasa Wage), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 7, 14, 21 atau 28 Sura AJ 1673 (9, 16, 23 atau 30 Januari 1748). Setelah tujuh hari berkunjung ke Semarang untuk menghadiri pernikahan putra von Hohendorff, pada hari Selasa P.B. II kembali ke Surakarta. Perjalanan dari Semarang ke Surakarta berlangsung selama tiga malam tiba pada hari Jumat. Mengenai tanggal keberangkatan P.B. II dari Surakarta ke Semarang, lihat: Pupuh 31.30 di atas. (kembali)
13 § 1673 = tahun Walandi 1748. (kembali)
14 Tanggal: Anggara (Slasa) kawanwlas (14) Jumadilakir Wawu: guna sapta rasaning narpati (AJ 1673). Tanggal Masehi: Rabu 12 Juni 1748. Perbedaan satu hari (Slasa versus Rabu) sering terjadi dalam konversi tanggal Jawa. Lihat juga: BG Balai Pustaka (Pratelan Titimangsa, hlm. 93): "Anggara, 14 Jumadilakir, Wawu: guna sapta rasaning narpati (1673). Pangeran Adipati Anom putra Sinuhun P. B. II dhaup kalihan Radèn Ajêng Wuku putri Cakraningratan Madura." (kembali)
15 Rêjêb. (kembali)
16 Suryanagara. (kembali)
17 magut. (kembali)
18 kidul. (kembali)