Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 01-10)

JudulCitra

Sêrat Babad Giyanti

Ôngka 271

--- [0] ---

Sêrat Babat[1]

--- [0] ---

Mangkubumèn, Awit Bêdhah Madiun, Tuwin Pranaraga

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. ya ta kunêng kang winuwus malih | wulan sapisan ing Dulkangidah | natèng Banaran budhale | angetan sêdyanipun | jangkung prange wong Surawèsthi | ngiras angrata samya | môncanagarèku | maksih nunggil taunira | prang Pajênar prang Pakalongan pan sami | salêbêting Jimawal ||

2. balanipun pan kadya jaladri | pasanggrahan kinèn bêsmènana | sadintên wau lampahe | masanggrahan ing Jimbung | enjing budhal sawadyanèki | lir panjrahing puspita | busanèng wadyagung | kèndêl dalu masanggrahan | kalêngisan sadalu budhale enjing | ing Sokawati prapta ||

3. wontên duta prapta tur udani | sangking Pangeran Mangkunagara | atur wuninga lampahe | inggih dèrèng acampuh | dènnya gêcak ing Pranaragi | ingkang darbe nagara | bêbitinge mêthuk | wontên margi ing Bêrangkal | jurang kali langkung angèl mriyêmnèki | kathah wontên Barangkal ||

4. badhe menggok wontên Juranggadhing | nênggih anjog Magêtan kewala | putra paduka lampahe | nênggih ping kalihipun | wontên duta ing Surawèsthi | praptane tur wuninga | kawon yudanipun | pun Adipati Cêbolang | sampun kontal nèng Pasêdhahan angungsi | dhatêng Wiranagara ||

5. nênggih sutanira Mas Bêrahim | Ki Barahim Surapati suta | mangkya umadêg barise | Pasuruan ginêpuk | loji Gêmbong kinêpung mangkin | lawan sakadangira | sutèng Brahim agung | dadya sang nata putusan | matêdhani uninga dhatêng kang rayi | tuwin dhatêng kang raka ||

6. marang Kêdhu mring Pagêlèn sami | mêdal Jèbrès lampahing caraka | Tumênggung Pusparanane | lan Brajadêntanipun | kuda tigang atus lumaris | sakala kagegeran | nir kawowor sambu | gêlare natèng Banaran | nulak wangsul gêgamaning kang ajurit | Kodhanpang ngilènira ||

7. dadya wau Rahadyan Dipati | Pringgalaya kang baris Kaleca | dhadhal budhal sabalane | marang nagari mantuk | sarwi ngungak-ungak kang baris | kang langkung sampun têlas | amung tigang atus | ngungun Radèn Pringgalaya | panarkane kang langkung barêping baris | kinira wuri kathah ||

8. tiwas sampun ngaturi upaksi | marang Yan Indrik Johan Abraham | uprup siyaga bantune | lampahira kapêthuk | angrêrêpa radèn dipati | tuwan apura dika | kula pan anggugu | ature têlik manira | yèn lampahe Susunan Amangkubumi | badhe anikêl sêmat ||

9. inggih badhe anggêcak mariki | wau enjing dêdamêl kalintang | pan kêkalih punggawane | turôngga tigang atus | malah langkung yèn winitawis | kantun-kantuning wuntat | têlas tan kadulu | uprup alon saurira | kula angsal sêrat kang sangking Samawis | dêlèr têlike nyata ||

10. yèn lampahe Sunan Mangkubumi | èstu jênêngi maring bang

--- 2 ---

wetan | wong Surabaya yudane | wangsul mangilèn wurung | mung pangeran katri lumaris | kapatipun Pangeran | Natakusumèku | kalima Tubagus Buwang | Sultan Bantên sapuluh kang pra dipati | kang mangilèn sadaya ||

11. sun watara dustak kang awarti | pasthi ngetan Sunan Kabanaran | uprup alon parentahe | baris Kalecanipun | pênêd bubar radèn dipati | dawêg apêpikiran | sarêng antukipun | Adipati Pringgalaya | apan tumut lajêng sapraptaning loji | manggil Puspanagara ||

12. praptanira wau anèng loji | sira Tumênggung Puspanagara | Uprup Abraham dêlinge | bapak andika matur | inggih dhatêng sri narapati | yèn suwawi ing karsa | kadhaton puniku | pênêdipun bètèngana | alêlarèn tinêpungakên lan loji | amrih sami karêgsa ||[2]

13. Ki Tumênggung Puspanagara ngling | gih prayogi tuwan pan sêmbada | kula umatur ing mangke | sigra kyai tumênggung | manjing pura ngarsa nrêpati | ngaturi aturira | uprup canthèl atur | kadhaton dalêm punika | yèn marêngi badhene dipun bètèngi | jagang larèn ngubêngan ||

14. tinêpungkên inggih lawan loji | sri narendra anurut kewala | Uprup Abraham rêmbuge | Ki Puspanagarèku | wus amêdal sangking jro puri | wangsul ing loji prapta | panggih lawan uprup | katur sang nata wus lêga | langkung suka wau kalane miyarsi | Yan Drik Johan Abraham ||

15. badhe prabeya kang dèrèng pikir | nganti badhe asowan priyôngga | kunêng kang winuwus malèh | lampahe Sang Aprabu | Kabanaran pan lagya prapti | Sokawati têtêpnya | Murong ênggènipun | duta sangking Surabaya | apan dèrèng linilan mantuk pribadi | benjang sarêng sang nata ||

16. duk dinangu kawonira nguni | kayaparan pratingkahing aprang | dene ta gêlis kalahe | iya kaya wong Kêdhu | Surabaya trusing prajurit | caraka Surabaya | sigra nêmbah matur | dèrèng matêng kang pirêmbag | prajangjean lawan pra santana sami | anuntên tiyang Koja ||

17. praptanipun pakuwon Japani | kêkêsipun wong sapabarisan | prasami ical surane | wondening rêmbagipun | pun Dipati Cêbolang nênggih | lawan ingkang santana | pan têtilaripun | nguni Dipati Jangrana | gih pun Jaka Tangkêban punika taksih | ran Ngabèi Jangrana ||

18. rêmbagipun Jangrana Ngabèi | mêngsah kêkalih sami bubuhan | Kumpni lan Madurane |[3] Jangrana rêmbagipun | paran iki anak dipati | yèn reyang bubuhana | lan Kumpni mungsuh | yèn wontên ungguling aprang | bêdhah loji apa saisining loji | reyang dhewe duwea ||

19. pakênira aja melak-melik | lamun reyang sira bubuhana | mungsuh lan wong Madurane | lamun [la...]

--- 3 ---

[...mun] pinarêng unggul | reyang jaluk nagri sapalih | ing loji sarêng mara | reyang soroh amuk | lan sanak para sadaya | aja cicing têlês wong mungsuh Kumpni | dipun anêdya pêjah ||

20. Adipati Cêbolang tan angling | durung jawab wuwuse kang uwa | ing ayuda prajangjine | sagung prajuritipun | samya gêmpal raosing galih | dene ta ingkang uwa | Jangrana puniku | duk lare Jaka Tangkêban | sadurunge rabi wus dadi prajurit | prawira widigdaya ||

21. mila gêmpal tyase kang prajurit | dene Jangrana Jaka Tangkêban | durung pakenak[4] atine | sapa pangiridipun | ing ayuda manggalèng jurit | kang têtela prawira | ambêgsura nêmpuh | Jangrana Jaka Tangkêban | dadya bênthèt prajurit ing Surawèsthi | nir cakut ing ayuda ||

22. nuntên Koja prapta anjapani | lajêng bubar baris Surabaya | sarêng Madura angsahe | lawan Kumpni mukul | wismanipun Sang Adipati | Cêbolang wus kancikan | kang pinacak sampun | tumênggung kêkalih samya | narubakên suyut wadya Surawèsthi | Cêbolang tulus ilang ||

23. langkung ngungun wau duk miyarsi | nênggih susunan ing Kabanaran | alon wau timbalane | kalêbu tiwasipun | Si Dipati Cêbolang iki | durung tate mangun prang | atine acubluk | dunya kang durung karuhan | dèn kukuhi gawe têkaburing ati | tan wande kasor ing prang ||

24. apa warnane nora abêcik | dene putune Jayapuspita | têka mangkono têkone | kaya bèbèt wong buruh | maring dunya têka nyêkithing | lamun trahing prawira | dunyane tan ketung | arêbut dadining karya | liwat beda petunging dagang lan jurit | sarat wani kelangan ||

25. duta Surabaya dèn kasihi | pan samarga-marga tan kêna sah | ingandikan sabên rèrèn | gantya malih winuwus | adipati ing Pranaragi | kang baris ing Barakal | lan sakancanipun | bupati môncanagara | ingkang pisah pan amung Madiun kalih | katiga ing Caruban ||

26. baris wontên nagrine pribadi | dene susunan ing Kabanaran | kang têdhak ngalèr barise | badhe mukul Madiun | anèng Murong barisirèki | Tumênggung Jagaraga | seba wus anungkul | lajêng kinarya pangarsa | mantonipun ing Pangran Madiun nênggih | Madiun kasêpuhan ||

27. budhal sangking tanah Sokawati | lir ardi pawaka |[5] masanggrahan ing Carême | wau nagri Madiun | duk miyarsa yèn pinarpêki | mring natèng Kabanaran | langkung susahipun | wong cilik gègèr busêkan | dene mêngsah balane kadi jêladri | sang natèng Kabanaran ||

28. sami baris lun-alunirèki | kalih têngah

--- 4 ---

èwu kang turôngga | pinêpak sagung wadyane | nanging tyasira kuwur | angantosi ing Pranaragi | yèn mogok andhepoka | ing Madiun anut | duk lagyeca pirêmbagan | baris kosik wontên raja duta prapti | sangking natèng Banaran ||

29. mantri anom kaparak tinuding | Puspawijaya Purwawijaya | mandhi surat panantange | wontên kuda sapuluh | datan mawi dharat satunggil | nêrak baris angidak | sarwi nguwuh-uwuh | êndi mantri kang prayoga | wong Madiun tutura gustinirèki | yèn ana duta prapta ||

30. mantri tanaya gupuh tur paksi | patih ing Madiun kalih pisan | kang ngirit duta kalihe | wus praptèng alun-alun | wau Pangran Madiun kalih | mêthuk ing duta prapta | kalih wus atundhuk | têdhak sing kuda kang duta | ingaturan anèng pasowaning jawi | tata sami alênggah ||

31. Pangran Madiun Sêpuh nampèni | sêratira natèng Kabanaran | duk winaos bêbukane | hèh pèngêt layang ingsun | jêng sri nata natèng Mantawis | kang kadhaton Banaran | kang surèng prang pupuh | kang sêkti kang wus pratôndha | lamun darah Panêmbahan Senapati | prawira ing ayuda ||

32. lan dhawuha iya salam mami | mring kakang Arya Mangkunagara | lan maring siwaka kowe | kapindho lakuningsun | iya ngantêp marang sirèki | tuwin marang si kakang | Mangkunagarèku | dèn padha ujar sapisan | ujudira ingkang yêkti maring ngêndi | ajana kamôndaka ||[6]

33. apa kudu mopoa sirèki | nora ngimankên karaton ingwang | yèn iya pêsaja bae | dèn pasthi aja tanggung | bêcikana kuthanirèki | lêlarèn jêrokêna | nagara Madiun | tan anganggo larèn jagang | sun têkani dèn padha angungsi pati | payo sêmayan dina ||

34. lawan padha amilang prajurit | aja ana ingkang luwih kurang | payo aprang papak bae | dêstun têmên wak ingsun | iya arêp karamas gêtih | mati ngasmarèng laga | mungsuh wong Madiun | lan sira sun wèhi murah | ya apitên tandhing wong Pajang Mantawis | lan wong môncanagara ||

35. ya sewaka pikirên kang bêcik | kowe lan kakang Mangkunagara | karana sapisan kiye | tan kaya dhingin ingsun | iya kêna kok sêmayani | basa landhung kewala | ya sira sun turut | ing samêngko uwis nora | babar pisan wus tamat titi kang tulis | kalihe duk miyarsa ||

36. andhêkukul sami brêbês mili | kadipundi gih puniki anak | dene asangêt dukane | kula salamènipun | inggih sami nungkul ing batin | ing punika punapa | wontên kang wêwadul | duk sang nata nglurug marang | mring Pagêlèn mring Kêdhu lajêng masisir | pintên ta lamènira ||

37. wontên punapa ing Sokawati | kula jagongi sangking kadohan |

--- 5 ---

yèn kula priha rusake | abdine kang tut pungkur | yèn pinriha gêmpaling ati | ing nguni Sokawatya | ginawea rusuh | lah dawêg dipun tutuha | dene mangke kula ajrih angangsuli | langkung sumôngga karsa ||

38. kinarsakna tinumpês kang abdi | môngsa inggih dadak ta wurunga | yèn kêni-kênia mangke | pan ajrih darbe atur | yèn sagêda inggih cumuwit | bok inggih dèn antosa | ing kantênanipun | Dipati Suradiningrat | lan kang putra Dipati Mangkunagari | pan sawêg yun-ayunan ||

39. inggih dèrèng kantênaning jurit | asor unggul yèn sampun kantênan | sayêkti kawula age | angaturi sang prabu | botên susah pinukul jurit | lajêng angadhatona | nagari Madiun | mangkotên tan angarsakna | ingkang abdi sumôngga ing pati urip | datan kenging suminggah ||

40. môngsa inggih gawêr awak mami | lamun inggih natèng Kabanaran | ngarsakna gêmpur tumpure | nagari ing Madiun | sampun botên umatur malih | amung kang pêjah gêsang | kang abdi Madiun | duta nata mantri mudha | sigra pamit kalih wus nitih turanggi | lan turôngga sadasa ||

41. sêsandêran tan kawarnèng margi | praptèng Carême katur kang duta | salampah-lampahe kabèh | purwa wasananipun | botên purun ngangsuli tulis | amung atur kewala | ing caraka katur | sri bupati duk miyarsa | langkung kagyat animbali pra dipati | kanêm praptèng ayunan ||

42. angandika alon sri bupati | marang Adipati Jayaningrat | lawan mas rôngga dhawuhe | besan kayapa iku | wong Madiun nora ngangsuli | kapriye iku rôngga | miwah pra tumênggung | mas rôngga matur tur sêmbah | kintênipun paduka nganyar-anyari | mawi ngantêpi sêrat ||

43. pan wus lami dènnya canthèl batin | Islam ngindalah kapir ngindanas | makatên ing upamane | mila punika purun | ngolok-olok ing padukaji | gumujêng sri narendra | saha ngandikarum | iya iku bênêr sira | yèn mangkono payo budhal marêpêki | sanadyan ngantènana ||

44. aja adoh Madiun nagari | sun makuwon ing Kincangkinandhang | sigra ngundhangi balane | enjing budhal gumuruh | Jagaraga prapta salatri | enjing anulya budhal | antara sadalu | praptane Kincangkinandhang | masanggrahan wau sira sri bupati | wadyagung pamondhokan ||

45. ara-ara tarataban radin | lèpèn agêng wuri lan ngiringan | jêmbar rata lan sitine | angreka alun-alun | pinggir kali kalingan masjid | tampar duk salandhean | ingubêngkên sampun | amawi sêsaka papat | pan samargi-margi kang pinôngka masjid | kêkênthêng [kê...]

--- 6 ---

[...kênthêng] duk kewala ||

46. iya lamun makuwon wanadri | lamun makuwon amanggih wisma | yêkti wisma masigide | suka ingkang wadyagung | murah banyu lan murah pari | tan ana kang karangla | pacangkramanipun | ing ari Sêptu watangan | pan angiras gêladhi gêlaring jurit | prang dharat prang turôngga ||

47. kunêng sakala sri narapati | masanggrahan ing Kincangkinandhang | ingkang winurcita malèh | ingkang amêdal kidul | Adipati Mangkunagari | wus anjog Kamagêtan | bupatine suwung | kinèndêlan tigang dina | sami nungkul para mantri kathah prapti | wuwusên sang dipatya ||

48. Suradiningrat ing Pranaragi | sakancane wong môncanagara | angalih pabarisane | ngalèr mring Kalidêmung | dene mêngsahira ngidêri | Pangran Mangkunagara | Pamagêtan rawuh | prajurit môncanagara | ginunggunga wontên salêksa turanggi | lan kathah pra dipatya ||

49. pakuwone sawetaning kali | Kalidêmung anggabag angarang | pakumpulan bupatine | rêmbugira amêthuk | angukuh ing angantêp jurit | ature têlikira | kêdhik mêngsahipun | Pangeran Mangkunagara | nora luwih sèwu nêmatus turanggi | arang prajurit dharat ||

50. wus rineka gêlaring ajurit | kang pinatah nèng pangawat kiwa | Ngrawa Surakusumane | Surajaya puniku | ing Kalangbrèt kanthinirèki | Ngabèi Wiramêja | lan sarêngatipun | Ngabèi Surawijaya | Ki Ngabèi Sêtrapati ing Kadhiri | dadya pangawat kanan ||

51. Wirasaba ing Japan kinanthi | Sumayuda Japan Têpasana | miwah Patrasuta Pace | Ngêblêg Wiratmêjèku | kang dhadhani sang adipati | akanthi ing Kaduwang | lawan para sunu | ing Pranaraga akathah | pitung dasa kang sami amawat kardi | kathah mantri santana ||

52. langkung kathah wong môncanagari | sami amêmpêng kuwanènira | lan amuwah panganggone | akathah adol sanggup | wau ingkang winuwus malih | Pangeran Adipatya | Mangkunagarèku | kang abaris Pamagêtan | duk miyarsa baris ing môncanagari | ngalèr pamêthukira ||

53. Lèpèndêmung badhene nadhahi | ngantêp yudane môncanagara | Pangran Mangkunagarane | miyarsa sigra wau | angundhangi bala prajurit | budhal sangking Magêtan | pan arsa umagut | prange wong môncanagara | baris prapta mapag sakilèning kali | kèndêl ngantosi wuntat ||

2. Pangkur

1. pangeran anata gêlar | kang kinarya nênggih pangawat kering | kang rayi sawadyanipun | Pangran Mangkudiningrat | pangawat kang têngên wau kang tinuduh | Tumênggung Kudanawarsa |

--- 7 ---

lawan sagung mantri jawi ||

2. Pangeran Mangkunagara | andhadhani lan sawadya jro sami | saragni abang ing ngayun | panumbake prang tandang | saragnirêng maranggo panumbakipun | lan saragni polèng miwah | panumbakipun wong Bugis ||

3. mantri jro lan kawan dasa | munggèng ngarsa pinangku tan atêbih | wus samya dulu-dinulu | baris wetan anggabag | yèn sinawang sayêkti tikêl sapuluh | akèh wong môncanagara | balane pangeran kêdhik ||

4. wontên mantri jro satunggal | nging Walônda Ônggaima namèki | têka anandêr sumêmprung | nora nganggo parentah | wong saragni polèng kêkalih anusul | lan panumbak pêrang tandang | inggih anusul kêkalih ||

5. dadya turôngga lêlima | kadêngangan Ônggaima rumiyin | kapriye Ônggaimèku | maring di si kaparat | apa magut padha nêngna dhingin iku | Ki Ngabèi Ônggaima | panyandêre nêrak baris ||

6. samya dinulu kewala | ting gudandap wadya môncanagari | ting karoyag barisipun | pangeran angandika | tulungana Si Ônggaima angamuk | sigra tambur bèri giyak | prajurit anabrang kali ||

7. barênge Ki Ônggaima | wong saragni polèng sarêng ambêdhil | Ki Ônggaima angamuk | dhadhal kang baris dhadha | kanan kering pangawate kawur-kawur | Tumênggung Kudanawarsa | sawadya nunjang ing kering ||

8. Pangeran Mangkudiningrat | sami nunjang mantrine nunjang wani | kalulun kang baris agung | norana kang apêrang | kadi guntur syaraning bala lumayu | malêdug kadya prahara | tan ana kang tahan jurit ||

9. pangeran gumujêng suka | ana paran mungsuh mangkene iki | ya Si Ônggaima iku | apa katon salêksa | wong lêlima anunjang wong ewon mawut | kang anusul nora uman | ing mungsuh wus padha gusis ||

10. samya bêbujung kewala | kawuwusa wau Sang Adipati | Suradiningrat lumayu | tinunjang ing akathah | turanggane garonjal kang nunggang runtuh | tibèng siti napas kumat | kasalêpak kêmpis-kêmpis ||

11. sangsaya kèlês ing kathah | anakira lanang tuwa pribadi | Martanagara ranipun | kèndêl ngadhêp ing rama | datan wontên kawruhan lamun puniku | Dipati Suradiningrat | dipun nyana yèn wong cilik ||

12. sêtun mantrine kewala | dene nora nana kang ngadhêp malih | liniwatan wong lumayu | miwah wong ngungsir samya | ingkang ngalèr angetan miwah angidul | wong satus môncanagara | wong sapuluh kang ngênginthil ||

13. kuda sèwu wong bang wetan | mung wong sèkêt [sèkê...]

--- 8 ---

[...t] kang bêbujung anginthil | parandene mawur-mawur | kuda pating balêsar | wong aewon alêksan kuwur katawur | malêdug saparan-paran | wau ta Sang Adipati ||

14. Suradiningrat palastra | awit pêdhot napas tibèng turanggi | Kudanawarsa Tumênggung | panandêre kaliwat | ana tiba kalumah datanpa tatu | ingandhêgan tinakonan | sapa iki kang ngêmasi ||

15. sumaur ingkang atêngga | gih pun bapa punika sang dipati | ing Pranaraga pukulun | kula anake tuwa | sigra wuri balanira ki tumênggung | arsa angrampog kewala | Kudanawarsa ngukuhi ||

16. lah aja mêngkono padha | iki jago tan kêna dèn patèni | iki bapakane lampus | anake misih gêsang | ing patine kalawan karsaning ratu | sira patèni tan kêna | sayêkti katura urip ||

17. Tumênggung Kudanawarsa | gya putusan nolèh sira dèn aglis | Jayasimpangan dèn gupuh | sira tura wuninga | marang kangjêng pangeran yèn iki lampus | Dipati Suradiningrat | mati tiba tanpa kanin ||

18. awit napas kang salêpak | kang nunggoni anake lanang siji | Martamanggala kang sêpuh | mangke maksih tinêngga | inggih dhatêng ing pun kaki sawongipun | Tumênggung Kudanawarsa | Jayasimpangan dènnyaglis ||

19. anyamêthi kudanira | nandêr mamprung tan adangu praptaglis | ing gène pangeran tundhuk | matur Jayasimpangan | lamun Adipati Pranaraga lampus | botên kaprawasa ing prang | pêjahipun tanpa kanin ||

20. sigra wau duk miyarsa | Pangran Mangkunagara anyamêthi | turôngga sawadyanipun | mantri ing jro kalawan | mantri patang puluh panandêre rawuh | gène pêjah ki dipatya | pangeran angandikaris ||

21. hèh kaki Kudanawarsa | nora tatu Suradiningrat iki | êndi anake kang tunggu | ing bapa duk palastra | Ki Tumênggung Kudanawarsa umatur | inggih kang sêpuh punika | Martamênggala namèki ||

22. kuda sinaoskên ngarsa | pan pun kaki punika dèn titihi | wau kalane umagut | kore ran pun pêsaja | wus pinundhut pangeran angandikarum | lah iya Kudanawarsa | Si Martamênggala iki ||

23. gawanên dhingin mring kutha | dimèk aja rungak wong Pranaragi | yèn anak tuwa wus nungkul | lan uwis tinarima | dimèn têtêp wong cilik ajana kuwur | lawan Si Martamanggala | konên angumpulkên aglis ||

24. iya saduwèke padha | bapakane ajana ingkang kari | lawan sawong dalêmipun | sêlir miwah [mi...]

--- 9 ---

[...wah] padhaya | gya Tumênggung Kudanawarsa wotsantun | anggawa Martamênggala | lajêng mring kitha rumiyin ||

25. ing wuri sigra pangeran | kinèn mocok utamôngga dipati | wus kapocok murdanipun | lawan kang kalanangan | kinèn nigas dene iki pêli ngamuk | nora anganggo ukara | tinigas jalêran aglis ||

26. wus dangu ing pêjahira | kang jalêran wus kèris mêdal gêtih | kang angiris sami ngungun | kang kaprah wong wus pêjah | dèn kapakna nora mêtu gêtihipun | katur pangeran ngandika | mati nguntal upas iki ||

27. lah cangkême cêngakêna | lêbokna kang kalanangan sapalih | nuli ingkêmêna iku | angêmut kalanangan | wadhahana kukusan gawanên gupuh | barisan Kincangkinandhang | aturêna ing ramaji ||

28. mantri Magêtan milua | têkakêna iya ing dina enjing | pan iki wus pukul têlu | bêngi alêlakua | lah cangkingên luhur kuda sirah iku | wong akèh padha gêntia | amrih kêbat ing lumaris ||

29. caraka tur sêmbah mêsat | dalu-dalu datan kèndêl lumaris | datan wuwusên ing ênu | prapta sakidul Kincang | sarêng ngêbyar kèndêl jawi baris agung | angantos wiyosing nata | pangluware brôngta kingkin ||

3. Asmaradana

1. enjinge sri narapati | miyos tarub pasanggrahan | siniwi wadyanirandhèr | punggawa mantri prameya | aglaring ngarsanira | wontên kang atêngga pintu | anjawil dhatêng mas rôngga ||

2. lamun caraka kang prapti | sangking nagri Pranaraga | Pangran Mangkunagarane | mas rôngga mêdal sakala | lêbête ngirit duta | kalawan mustakanipun | Adipati Pranaraga ||

3. mas rôngga matur wotsari | putra paduka putusan | pan sampun unggul jurite | bêdhah nagri Pranaraga | bupatine katigas | punika mustakanipun | katura jêng padukendra ||

4. sigra mèsêm ngandikaris | sang nata têdhak nêm tindak | mara ungkabana age | pan ingsun arsa wuninga | mring Si Suradiningrat | apa warnane ing lampus | sigra majêng pra dipatya ||

5. Tumênggung Janapurèki | mas rôngga lan Sindusastra | Jayèngrana sakawane | ingkang ngungkabi mustaka | jumênêng sri narendra | duk binuka sirahipun | lathi ngêmut kalanangan ||

6. anjumbul kawan bupati | gumujêng latah sang nata | prasamya guguk gujênge | nyata yèn bocah ngalunyat | iya Si Adipatya | Mangkunagara satuhu | sadaya kang sami seba ||

7. samya sinungan udani | gumujêng ambata rêbah | ambal-ambalan gujênge | sirah Dipati Pônraga | angêmut kalanganan | carakanira dinangu | tingkah solahing ayuda ||

8. katur miwiti mêkasi |

--- 10 ---

sang nata suka miyarsa | hèh duta milua age | matura ing gustènira | besuk tan wurung ingwang | maring Pranaraga iku | caraka tur sêmbah mêsat ||

9. sang nata sigra ngundhangi | ing bala badhe budhalan | ing dalu tan kawiraos | enjing atêngara budhal | sangking Kincangkinandhang | manjing nagari Madiun | wus suwung bupatinira ||

10. nanging sampun balang tulis | wong Madiun mring mas rôngga | mila tinilar prajane | wau lampahe sang nata | tan adangu praptanya | manjing nagari Madiun | sri narendra saha bala ||

11. masanggrahan wetan kali | tan arsa angênggènana | ing wismane bupatine | wismaning mantri kewala | prapta pukul sawêlas | pukul lima praptanipun | sebane bupatènira ||

12. sang nata siniwèng dasih | punggawa mantrinira glar | prajurit sumiwi kabèh | Mas Rôngga Wirasêntika | Dipati Jayaningrat | ngirit bupati kang nungkul | ing Madiun kalih pisan ||

13. prapta ing ngarsa nrêpati | sang nata gupuh ngandika | si kakang salamêt bae | iya kang Mangkunagara | si adhi Martalaya | ngabêktia marang ingsun | mangsah gantya kalih pisan ||

14. sang nata ngandika aris | marang wau ingkang putra | Pangeran Dipati Anom | kulup mara ngabêktia | karo marang wakira | pangran adipati gupuh | bêkti nguwa kalih pisan ||

15. sang nata ngandika malih | ipeningsun ingkang pêjah | siji ika bagus dhewe | jênat si adhi sudarma | ladak kaya lanyapan | si adhi sewaka iku | asombro angulasawa ||

16. kakang Mangkunagarèki | duk anome kaya Boma | wis tuwa têka mangkene | dadak kaya Ôngganaya | gumêr kang pra dipatya | kang pinoyok milu guguk | Madiun Mangkunagara ||

17. sang nata ngandika malih | kakang dika ngalih nama | sampun jumbuh lan namane | lan si kulup putra dika | ingkang tuwa ngalaha | hèh dika kakang jêjuluk | Pangeran Mangkudipura ||

18. hèh sakèhe pra dipati | kabèh padha ngèstrènana | sami sandika ature | sang nata malih ngandika | kakang andika dandan | lan adhi Martalayèku | sun gawa mring Pranaraga ||

19. ingsun budhal benjing enjing | kakang maring Pranaraga | sun arsa wêruh untabe | wadya Madiun sadaya | prajurit kang turôngga | jêngkar makuwon sang prabu | wadya sami pamondhokan ||

20. ing dalu datan kawarni | enjang sang nata têngara | gong bèri tambur lan bêndhe | gumuruh syaraning bala | miranti sowang-sowang | ngrasuk busana sang prabu | têdhak mijil ngara-ara ||

21. apan akarsa udani | wau ta jêng sri narendra |

--- 11 ---

wadya ing Madiun kabèh | sampun sami akêkirap | aglar ing ngara-ara | ngundhangi wadya sang prabu | sagunge kawulaningwang ||

22. mirea anganan ngering | miwah ing wuri kewala | wong Madiun ngarsa kabèh | cinacah ingkang turôngga | pan kalih èwu dhomas | dharat wontên kawan èwu | angêbêki ara-ara ||

23. dharat kinèn misah sami | kinèn ing wuri sadaya | turôngga anglela neje | kuda kalih èwu dhomas | kinèn mubêng ping tiga | ing ngarsanira sang prabu | abayak agêgolongan ||

24. angandika sri bupati | rôngga dene ku wus tata | ing prang tan ana bobode | mas rôngga matur tur sêmbah | pan dèrèng kalêrêsan | kang angabên ing prangipun | ing rakit sampun prayoga ||

25. tiyang ing Pajang Mantawis | nênggih kumpule gêgaman | ngantos samantên kathahe | lawan rakitipun tata | wagêde nitih kuda | kadia tiyang Madiun | têtiyang Pajang Mantaram ||

26. gih môngsa angsala tandhing | angandika sri narendra | wong Pajang Mantaram kiye | duk sinau nitih kuda | banjur ginawa aprang | pêparentah sang aprabu | wong Madiun rumiyina ||

27. wadyaningsun kang nambungi | wadya ing jêro kewala | pra dipati wuri kabèh | kalawan bala Caruban | iku rongèwu dhomas | Madiun lumakyèng ngayun | kang sumambung wurinira ||

28. wadya jro kaparak sami | kang turôngga sèwu dhomas | marwatagni busanane | punggawanira sang nata | lumampah kering kanan | kinarya rêmbêning laku | cangkrama saurut marga ||

29. amasanggrahan sawêngi | enjinge têngara budhal | pukul sawêlas praptane | ing nagari Pranaraga | Pangran Mangkunagara | amêthuk baris sêsiyung | ngalun-alun Pranaraga ||

30. urmat drèl sagung prajurit | kang rama wus ingaturan | nênggih lajêng angadhaton | wismane Suradiningrat | kang dadya pamondhokan | Pangran Mangkunagarèku | sawadya mingsêr angetan ||

31. anèng kitha Kartasari | duk samana Pranaraga | kèbêkan ing wadya katong | mangkana enjing sineba | sang natèng Kabanaran | kang wadya aglar supênuh | punggawa sêntana putra ||

32. Pangran Mangkunagarèki | angirit kang pra dipatya | wadya kang anungkul kabèh | pranakan ing Pranaraga | sinaoskên kang rama | kang wus prapta sadayèku | anake Suradiningrat ||

33. tiga likur kang wus prapti | akathah kang dèrèng prapta | pinuhung sampun bêgjane | mung sawontêne binakta | katur ing rama nata | wus katur kang têlu likur | dinangu namane samya ||

--- 12 ---

34. kang sêpuh namanirèki | Rahadèn Martamênggala | Suradipraja arine | Rahadèn Cakranagara | Radèn Ranadimêja | Radèn Purwakusumèku | Rahadèn Bratakusuma ||

35. Rahadèn Suralayèki | lan Radèn Natadiwirya | Radèn Suradiwiryane | miwah Radèn Suradirja | Radèn Suradipura | Radèn Surawijayèku | miwah Radèn Bratadirja ||

36. nging wau sri narapati | kang pinilih mung sakawan | anak lanang tuwa dhewe | Rahadèn Martamênggala | lan ari kang wus nama | sinungan Surabratèku | wus dadya anèng Kaduwang ||

37. namane Surabratèki | pinaringkên kakangira | Martamênggala ing mangke | pinacak bupati tuwa | punika sinung lênggah | Pranaraga tigang èwu | kalawan jêjulukira ||

38. radèn tumênggung namèki | Surabrata arinira | Suradipraja namane | sinung kalih èwu lênggah | lan pinacak punggawa | anama radèn tumênggung | anênggih Suradipraja ||

39. wontên arinipun malih | kamantu maring kang paman | Radèn Natakusumane | ran Radèn Cakranagara | wus pinacak punggawa | sinungan nama tumênggung | Dyan Tumênggung Natabrata ||

40. kalih èwu lênggah sami | kang kalih èwu lênggahnya | nênggih kang ginanjarake | mring Pangeran Pakuningrat | dene Radèn Kaduwang | têtêp kabupatènipun | amung ingalih kang nama ||

41. Kaduwang namanirèki | Tumênggung Bratawijaya | wontên dene sakantune | kang sangang èwu kewala | pinacêkan punggawa | kang têtiga kalih èwu | kang tigang èwu satunggal ||

42. anak kang tuwa bribadi[7] | sinung nama Surabrata | kang tigang èwu lênggahe | ingkang kantun tigang nambang | nênggih kinèn marucah | pan antuk putra rong puluh | wong siji angarobêlah ||

43. prasamya kinarya mantri | dene ta pakaryanira | tinunggil lawan kadange | wong rong puluh pinartiga | kang kalih ngênêm samya | ingkang satunggil wong wolu | ginadhuhan mantri kadang ||

44. Tumênggung Surabratèki | ingkang wolu mantri kadang | prasamya agêng manahe | paranakan Pranaraga | yèn prabu miyos watang | wong Pranaraga rong puluh | kang kilèn wiwit nyandêra ||

45. tan kêna dipun sêlani | sang nata suka umiyat | pranakan Pranaragane | abagus-bagus warata | sami wagêt turôngga | langkung sukanira dulu | ing tanaya Pranaraga ||

46. badhene sami kinathik | ing karsanira sang nata | manawa mêtu gawene | dene wangune naracak | bagus-bagus agagah | sang nata langkung piyungyun | mulat Pranaraga suta ||

--- 13 ---

47. gantya kawuwusa malih | dêlèr nagari Sêmarang | miyarsa lamun lakune | Jêng Sinuhun Kabanaran | èstu budhal mangetan | apan arsa atêtulung | yudane wong Surabaya ||

48. gugub[8] abantu ajurit | ing Kêdhu kinèn angrupak | mumpung sêpi nrêpatine | Sakèbêr pan Dêr Pol Kulman | kathah bêbantonira | pasisir para tumênggung | kilèn Samarang kewala ||

49. Mayor Pèbêr senapati | pan anglarug barisira | jujug Tarayêm barise | mêngsah sami liniwatan | Sakèbêr ciptanira | tan tolih mungsuh nèng pungkur | mung nyandhaka wong Mantaram ||

50. Ki Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Surajênggala | enggala parêg bawahe | Pangeran Adiwijaya | gubêl sakilèn Praga | punggawa kang wontên Kêdhu | sadaya sami kawuntat ||

4. Pangkur

1. Dipati Suryanagara | Wiradigda Môndraka kang anunggil | Pangran Natakusumèku | baris nèng Têpasaran | Ki Tumênggung Jayadirja barisipun | nèng Magora kanthinira | putra Mangkuprajan kalih ||

2. Rahadèn Mangkuwijaya | miwah Mangkudiwirya kang anunggil | Jagalatan Singaranu | kang sami nèng Mêgora | Radèn Suryanagara sakancanipun | sami anglarag mangetan | mukul Kumpni prang Pingit ||

3. pan Dêr Pol kalawan Kulman | Jayadirja pinukul barisnèki | arame dènira campuh | Radèn Mangkuwijaya | kêni mimis pilingane lajêng lampus | mawur kang munggèng pangawat | Tumênggung Jayadirja glis ||

4. wontên kang atur wuninga | Radèn Mangkuwijaya angêmasi | ki tumênggung mangsah ngamuk | ngrêbat kunarpanira | nênggih Radèn Mangkuwijaya puniku | manawa sêlak tinigas | murdane marang Kumpni ||

5. Ki Tumênggung Jayadirja | pangamuke kotbuta ngowak-awik | wus pinarêng takdiripun | duk ingêdrèl sapisan | ki tumênggung wêntisira ingkang tatu | cape tiba sangking kuda | kang pra santana ngalingi ||

6. binayang nginggahkên kuda | ki tumênggung tan arsa nèng turanggi | sugal rêkasa amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | ingsun iki ya aja ginawa mundur | balik ingsun uworêna | lan pulunane sang aji ||

7. Rahadèn Mangkuwijaya | dudu uwong ingsun tinggala urip | ing mêngko yèn ingsun lampus | iya sakarêpira | kunarpane Radèn Mangkuwijayèku | yèn tan karêbut ing sira | pan iya kunarpa mami ||

8. aja kudu sira gawa | duk puniku Kumpni anututi | angêdrèli angarutug | Tumênggung Jayadirja | bisa ngadêg sakêdhap sangking

--- 14 ---

gêng nêpsu | pan sarwi anyandhak watang | lajêng karungkêb ngêmasi ||

9. sêntanane kalih dasa | sami ngamuk lawan kancane mantri | Panumping wontên sapuluh | wuru pangamukira | mungsuh giwar Kumpni mati sapuluh | lan Bugis Bali pitulas | uwal sakala kang jurit ||

10. Rahadèn Mangkuwijaya | kunarpane winowot ing turanggi | Tumênggung Jayadirjèku | kunarpa dinandanan | nulya prapta Ki Tumênggung Singaranu | kalawan Jagaulatan | magut mungsuh kang balèni ||

11. dadya kang dandan kunarpa | angsal bangban nora angiras jurit | landheyan tumbak sapuluh | karya mikul kunarpa | tinalenan cindhe kewala têtêlu | wus têbih ing lampahira | lawan sapih kang ajurit ||

12. pan Dar Pol kalawan Kulman | dalu-dalu sinêrot lampahnèki | praptanira têngah dalu | baris Tarayêm nulya | panggih lawan Mayor Sakèbêr turipun | yèn untung dènira aprang | antuk punggawa kêkalih ||

13. siji punggawa satriya | Radèn Mangkuwijaya kang ngêmasi | apan pêpulunanipun | mring natèng Kabanaran | kang satunggil andêl bupati gagêdhug | Ki Tumênggung Jayadirja | prajurit ing Sokawati ||

14. Sakèbêr sigra nênurat | dalu-dalu utusan mring Samawis | kalamun ngantia esuk | sayêkti mungsuh kathah | Adipati Suryanagara puniku | angamuk kancane pêjah | pêsthi tan olèh lumaris ||

15. enjang Singaranu lawan | Jagalatan sami atur upaksi | marang senapatinipun | kang baris Têpasaran | Adipati Suryanagara angrungu | tiwas Tumênggung Jadirja | Radèn Mangkuwijayèki ||

16. langkung ngungun saha kurda | sigra nitir têngara sang dipati | Suryanagara umagut | gitik baris mênggora | sigra budhal wontên dasih kang umatur | Kumpni samênangira | sami lorot tinggal baris ||

17. angumpul Tarayêm samya | kadi taha ing sampeyan puniki | manawi enjinge ngamuk | wau sang adipatya | duk miyarsa menggok ngetan barisipun | baris Kumpni kang ana | ing Pingit arsa ginitik ||

18. lan Tumênggung Mangkuyuda | duk miyarsa ingkang baris ing Pingit | Kumpni mungsuhnya rawuh | Radèn Suryanagara | sigra nambur wus rakit lajêng acampuh | Dipati Suryanagara | ngamuk lan sawadyanèki ||

19. kuwur Kumpni anggiwar | kapalajar wangsul Bahrawa malih | Radèn Suryanagarèku | ngêbroki barisira | anèng Pingit pan arsa mangkat angidul | Tarayêm arsa ginêcak | kancane [kanca...]

--- 15 ---

[...ne] kang pra dipati ||

20. sami gendholi sadaya | luwung inggih kèndêla ki dipati | awrat Sakèbêr puniku | lan malihe sampeyan | dèrèng atur uninga dhatêng sang prabu | kang wontên ing Pranaraga | kalih pêjah ing ajurit ||

21. pêjahe raka paduka | sami-sami bupati gêng pribadi | inggih sintên timbangipun | Rôngga Wirasêntika | Jayadirja katri paduka pukulun | sami andêling ayuda | gêgêdhuging pra dipati ||

22. Dipati Suryanagara | pirêmbagan lan sagung pra dipati | yèn mangkatên dawêg mundur | wangsul mring Têpasaran | pan ing ngriki adhakan margining mungsuh | bêbanton sangking Samarang | wus rêmbag budhal kang baris ||

23. wangsul sakilèn Paraga | Têpasaran pabarisane lami | amikir ingkang ingutus | dhatêng ing Pranaraga | sarat ingkang milu prang bilih dinangu | kancane mantri têtiga | Panumping ingkang tinuding ||

24. srat dadya sigra lumampah | kunêng wau gantya ingkang winarni | Sakèbêr carakanipun | wus praptèng ing Sêmarang | surat katur mring Yan Baron pan Undurup | prange pan Dar Pol lan Kulman | antuk punggawa kêkalih ||

25. satunggil Mangkuwijaya | lan Tumênggung Jayadirja kang kêni | dêlèr suka marasipun | sukane ingkang manah | Jayadirja bupati andêl gêgêdhug | marase bok winangsulan | dene andêle ngêmasi ||

26. dadya dêlèr karya gêlar | angundhangi bala kang pra dipati | pasisir sami akumpul | budhal arsa magut prang | ingkang marang Pranaraga kang jinujul | karyalok ing kalairan | batin aja dèn balèni ||

27. ing patine Jayadirja | dene andêl bupati tur kêkasih | mila rewa-rewa jujul | kèndêl anèng Barangkal | karya surat lawan angrukti kêkintun | lawan arsa ngaturêna | bupati kabandhang nguni ||

28. Tumênggung Jayawinata | duk prang Lengkong iku kacandhak urip | mring Sakèbêr ingkang antuk | wus lami nèng Samarang | kang dinuta nênggih Pangran Adilangu | akathah kêkintunira | sangkêlat baludru karbin ||

29. lan kursi kang sakêmbaran | wus winêngkas wau Pangeran Wijil | kinanthèn pêpatihipun | Adipati Samarang | Dêmang Surayuda kang ajaga jagul | idêlèr wêwêlingira | kathah mring Pangeran Wijil ||

30. wus mangkat sangking Barangkal | ngidul ngetan ing Warung kang dèn jogi | wontên kuda têlung puluh | dharate pitung dasa | tan kawarna ing marga praptèng Madiun | suwêng lajêng lampahira | mring nagari Pranaragi ||

31. anjujug Pangeran Rôngga |

--- 16 ---

Ngadilangu pondhok salèring masjid | kang rayi lajêng rinangkul | angling pangeran rôngga | dika adhi marang idêlèr ingutus | mangke lamun mari sayah | kula apituduh margi ||

32. kula gawani kongkonan | dika jujug Jayaprameya adhi | lurah mantri jro puniku | lajêng katur ing lampah | pasthi enjing pun adhi ing lêbêtipun | Pangeran Mangkunagara | kang angirit ngusap wèni ||

5. Sinom

1. sawusira mari sayah | sinunggata wusnya bukti | dhatêng Kamangkunagaran | caraka dêlèr Samawis | sapraptanira panggih | Pangran Wijil Ngadilangu | pangeran angandika | inggih paman benjing enjing | kula bêkta sowan ing raka paduka ||

2. sampun tanggêl ing punika | paman anjujuga enjing | inggih pasowan kewala | wus pamit makuwon malih | pangeran tur upaksi | duta idlèr praptanipun | kang rayi kang dinuta | Ngadilangu Pangran Wijil | ingundhangan wadyagung enjing pêpêkan ||

3. manggihi caraka prapta | kang sangking upnur Sêmawis | ing dalu tan winurcita | enjinge aglar kang nangkil | sagung mantri bupati | sami ngandikan lumêbu | sang nata têdhak marang | pandhapa manggihi tami | kerit marang Pangeran Mangkunagara ||

4. sapraptanira ngajêngan | asru ngandika sang aji | adhi ing ngriki kewala | dawêg sêsalaman adhi | dika minggah ing nginggil | Pangran Wijil nêmbah maju | sawusnya sêsalaman | cinandhak astanirèki | sampun mundur adhi ing ngriki kewala ||

5. binakta lênggah satata | ya ta wau Pangran Wijil | sigra ngaturakên surat | kang sangking dêlèr Sêmawis | tinampan tinupèksi | bêbuka tur tabenipun | ingkang akathah-kathah | katura ing padukaji | wiyosipun pun dêlèr nyuwun apura ||

6. sakathahing kalêpatan | pratingkah kang wus kawingking | mantuka inggih duk dadya | tuwan paduka rumiyin | kula ambêbakali | ing tuwan amrih pakantuk | dhatêng raka paduka | syargi jêng sri narapati | tuwin dhatêng komasaris sami uga ||

7. sampun sami kalampahan | sudara dipun paringi | tigang èwu Sokawatya | nuntên wontên kang nyêlani | praptane jendral nguni | pun Wilêm Baron pan emut | kêni ing wêwadulan | kula tinambuh prakawis | tuwan drêmi têgêse tibèng kawula ||

8. nging wontên atur kawula | sudara kirang yèktèni | tan angantos tur kawula | mangke jendral sampun mati | Jakup Musêl kang dadi | têlase sataunipun | tampine kang pangwasa | ing mangke kula aturi | ngantukêna kapênêdan kina-kina ||

--- 17 ---

9. suwawi apêpikiran | mrih mulyaning bumi-bumi | yèn tuwan maksih ngarsakna | ing karsa kadi puniki | risaking tanah Jawi | sayêkti kabanjur-banjur | sintên ingkang kelangan | liya paduka lan malih | putra tuwan sang prabu ing Surakarta ||

10. Kumpni darmi kewala | panêdha kawula mangkin | sudara mugi èngêta | yèn katêmpah tanah Jawi | mangkya sêpuh pribadi | lawan kaping kalihipun | nguni punggawa tuwan | Tumênggung Jawinatèki | duk prang Lengkong ingkang akacandhak gêsang ||

11. pun Sakèbêr ingkang angsal | ingaturkên ing Samawis | Tumênggung Jayawinata | pan inggih kula pênêdi | botên manggih pisakit | manggih kabaikan agung | ing mangke pan katura | dhatêng ing paduka malih | abdi dalêm Tumênggung Jayawinata ||

12. lawan sagunging pratôndha | sih-sinihan sami-sami | tan supe salaminira | wus cinacah kang pakirim | kathah awarni-warni | tinampan sadayanipun | Jawinata ngandikan | sapraptanira ngabêkti | ngaraspada ginagujêng warnènira ||

13. dene sampun malih warna | kadi paranakan Bugis | mundur ngujung ing Pangeran | Dipati Mangkunagari | nulya mring bapanèki | bapakira sênggruk-sênggruk | Dipati Jayaningrat | ngandika sri narapati | Jawinata karasan anèng Sêmarang ||

14. sang nata alon ngandika | marang ing Pangeran Wijil | adhi kang muni ing layang | idêlèr arsa apanggih | liwat kangên ing mami | sun undhanga mring Madiun | iya nurut kewala | sanadyan mring Pranaragi | sakarsèngsun adhi anurut kewala ||

15. nanging adhi kayaparan | iya awak ingsun iki | lagyewuh ana amônca | nora kolur ing tyas mami | ya pirabara benjing | yèn misih padha rahayu | sayêkti wèh wangsulan | nanging dika wruha adhi | salawase si dêlèr iku rumôngsa ||

16. yèn ingsun nêdya alawas | nèng tanah môncanagari | sayêktine ingsun undang | rèhning sun tan nêdya lami | yèn wus sampurnèng jurit | mulih mring Mataram ingsun | Tumênggung Sindusastra | wus kinèn akarya tulis | angsul-angsul kang sangking dêlèr Samarang ||

17. Pangran Wijil tigang dina | kalawan ing tigang latri | kalangkung sinungga-sungga | nèng nagari Pranaragi | sêrate ingangsuli | paring sapi têlung puluh | pêdhète kang sadasa | lan susuh salawe kati | patang pikul kang warni dhèndhèng manjangan ||

18. lawan turôngga satunggal | wêton Magêtan gêng inggil | ulês dhawuk megantara | wus pamit Pangeran Wijil | kang srat wus dèn tampani | angsul-angsulan pakintun | enjing mangkat Pangeran | Ngadilangu

--- 18 ---

wus apamit | tanggal pisan Bêsar sangking Pranaraga ||

19. saungkurira caraka | prapta ingkang pra dipati | bang wetan sumiwèng nata | Kalangbrèt Kartasanèki | Nganjuk Pace Ngrawèki | Sarêngat Balitaripun | ing Japan Wirasaba | miwah Bupati Kadhiri | samya jujug Pangeran Mangkunagara ||

20. sinebakakên sadaya | sagunging kang pra dipati | sadaya wus tinarima | dinangu kapalanèki | ginunggung sadayèki | pan salêksa kalih èwu | lan satus pitung dasa | ingkang dhinapur prajurit | pan kajawi kuda kang dadi wowotan ||

21. nata nimbali bunira | kang anèng ing Sokawati | praptane antuk rong dina | nuntên garêbêgan nênggih | Bêsar langkung gêngnèki | barising garêbêgipun | sang nata adhadharan | miyos ing paseban jawi | animbali santana bupati putra ||

22. bakdaning garêbêg Bêsar | sang nata anarimani | sakawan kang pra dipatya | Pangeran Madiun nênggih | pinaringan kang bibi | ratu mamênang puniku | malih kang pinaringan | Sêtrapati ing Kadhiri | Rêtnawati kang kinarya têtariman ||

23. kalawan ingalih nama | Sêtrapati ing Kadhiri | Ki Tumênggung Katawêngan | ing Rawa Kartayudèki | pinaring Selawati | ing Sarêngat bok kapundhung | sampun sami aningkah | Ratu Mamênang wus panggih | lan Pangeran Madiun Mangkudipura ||

24. duk sêmana langkung arja | nagari ing Pranaragi | kanggenan natèng Banaran | siniwi ing pra dipati | sagung môncanagari | mangkana ingkang winuwus | Pangran Mangkunagara | ngaturkên jarahanèki | satilare Dipati Suradiningrat ||

25. sawêg prapta ingutusan | sangking pangilèning wukir | barana miwah boyongan | badhaya sarancak sami | kalih ambêbakali | ingkang wus dadi salajur | katur marang kang rama | pangeran ngêndhak kêkalih | èndhèl lawan pambatak[9] ingkang dèn êndhak ||

26. pambatah ingkang dèn êndhak | anama Ismayawati | mari onêng èndhèlira | kang rama pan ragi runtik | iya tataning ngêndi | wong kinongkon têka rusuh | dèn ajak ngrata jagad | têtêkone nora bêcik | karangsangan kaya ambêg wong urakan ||

27. wong kinon bêdhah nagara | apa saisine nênggih | sayêkti katur sadaya | lamun ana dèn sênêngi | ekral barang kinapti | môngsa ta dadaka luput | mêngkono ingkang jamak | nora murang tata titi | sanênasak amurang nagara krama ||

--- 19 ---

28. wus pinundhut kalih pisan | èstu duka kang ramaji | pangeran langkung matêbah | kang rayi ingkang tinuding | aturna ing ramaji | tan kudu kanggonan ingsun | ngong tohi karingêt rah | ambêdhah ing Pranaragi | nora katon samene sariraningwang ||

29. nuli plêg tan purun sowan | ing Sêptu lan Sênèn Kêmis | sang nata tan angandika | maksih miyos Sênèn Kêmis | dèrèng nyana sang aji | yèn kang putra rêntêngipun | tan ana tur wuninga | yèn kang putra agêng brangti | duk miyarsa sangking pawèstrèn sang nata ||

30. ingkang putra tinimbalan | ratu bandara wus prapti | ing ngarsanira kang rama | ngandika sri narapati | iya kangmasmu iki | têka nora seba mutung | lah iya sumakeyan | prajurit prawirèng bumi | têtêkone kaya wis angrata Jawa ||

31. kang putra matur tur sêmbah | putra tuwan sangêt kingkin | yèn dalu tan antuk nendra | siyang datan antuk bukti | kang rama ngandikaris | wong ugungan kumalungkung | kaya wong nora kalah | karosan padhaning janmi | dene anggung kapalayu bukakrakan ||

32. yèn ajanoa kang tuwa | môngsa gagapa basuki | mati pinênthung wong desa | wong mono yèn duwe pikir | kang kaprah lawan janmi | kaya putra Nabi Dawut | iya gawanên rara | èndhèl iku kang sawiji | ingkang putra antuke kalangkung suka ||

33. praptaning pakuwonira | èndhèle katur satunggil | wontên lêgane kang manah | Pangran Mangkunagarèki | pêndhak enjinge malih | anujoni dina Saptu | mêtu ing pawatangan | sarwi ambêkta Walandi | Ônggadrêma milu watang gêgundhulan ||

34. ngangge badhong agêgêlang | wong anyandêr dèn tumbaki | gumuyu kang sami mulat | kang rama runtik ing batin | dudu panggonanèki | pawatangan lalalucu | nanging sinamun netya | winawas datan katawis | runtikipun awor wuruning asmara ||

6. Asmaradana

1. bubare watangan sami | bupati kabèh ngandikan | santana putra sakèhe | sang nata lajêng busana | angiras pagunêman | ingkang putra ngandikan rum | hèh kulup Mangkunagara ||

2. aprakara laku iki | sira sun tuduh muliha | maring Pajang Mantarame | nging mêtua Garobogan | si dêlèr nèng Barangkal | manawa banjur angidul | kulup sira adhangana ||

3. bupati môncanagari | saparo sira gawoa | têtêlu Pranaragane | Surabrata Natabrata | katri Suradipraja |

--- 20 ---

Pranaraga milu ringsun | mung si adhi Pakuningrat ||

4. Madiun kang milu mami | si kakang Mangkudipura | si adhi Martalayane | iku kang milu mring sira | Kaduwang Kamagêtan | Jagaraga lan ing Warung | ing Sêsela ing Balora ||

5. jabakna nagara siji | Grobogan dadi wong Pajang | pamanmu Pugêr lungguhe | si Warung lan ing Sêsela | nagari loro iya | pamanmu Pugêr yèn jaluk | têka sira lilakêna ||

6. dadi mung pitung bupati | têtêpe kang sira gawa | Pranaraga têlu dhewe | kapat Madiun kanoman | Magêtan Jagaraga | Balora kapitonipun | ing Kaduwang sèjèkêna ||

7. sijiku nunggal abaris | kalawan pangarêpira | aja pisah sadinane | kang putra matur sandika | tan sagêd ngangsulana | kang rama parentahipun | kalangkung sangking prayoga ||

8. dinangu prajuritnèki | ingkang sami kêkapalan | liya prajurit dharate | bupati pitu punika | cinacah kang turôngga | tigang èwu gangsal atus | lan pitung dasa sakawan ||

9. kawan èwu dharatnèki | sang nata malih ngandika | dene kang milu maringong | si Caruban Kartasana | Pace Kalangbrèt Ngrawa | Sarêngat Balitaripun | Porong Ngantang lan ing Japan ||

10. Wirasaba lan Kadhiri | dene ta kulup si Jipang | iku ora milu ringong | milu maring sira nora | wus sun karya ganjaran | kang dadi pawitanipun | pamanira Singasêkar ||

11. sêlang gumuningsun iki | pamanira Prabu Jaka | duwe pawitan sêmono | wong wolung èwu si Jipang | nora bisa anglembak | muthag-muthêg ngalor ngidul | abêr têmêning ayuda ||

12. mas rôngga nambung wotsari | pukulun rayi paduka | wingi prapta utusane | yèn sampun bêdhah ing Tuban | kalawan ing Nglamongan | badhe aggêcak Sidayu | dêdamêle wus lumampah ||

13. Pangran Mangkunagarèki | nambungi maring mas rôngga | paman rôngga satêmêne | iku katut dening sira | dudu ingkang kaskaya | dhewe paman Singasantun | katut opyak ing akathah ||

14. padha ngrungu yèn kiyai | pinarak môncanagara | wong pasisir padha gègèr | lamun aja mêngkonoa | môngsa bisoa mêlar | pira lawase ta iku | duk kyai nèng Kabanaran ||

15. norantuk sawah sakikil | muthag-muthêg nora obah | nèng nagari Jipang bae | wus katon antêpe kurang | paman Suryanagara | tobat akanthia iku | lamun prakara ing aprang ||

16. minyak-minyik mung anglirik |

--- 21 ---

lamun dulu wêwadonan | gumêr punggawa gujênge | wus dadi ingkang pirêmbag | parentahe kang rama | anjoga ing Cêngkalsèwu | Ngrawa Pathi Kudus Dêmak ||

17. wetaning Lasêm sirèki | aja milu-milu ngolah | ya karêpe bubohane | pamanira Singasêkar | kang abot Surabaya | iku kang ngawaki ingsun | jajal wong môncanagara ||

18. wus matêng ingkang prajangji | bubaran ingkang bujana | pêndhak enjing kawiraos | Pangeran Mangkunagara | lan sagung pra dipatya | siyaga wus pamitipun | ngujung kang para dipatya ||

19. budhal sangking Pranaragi | sarêng pitu likur Bêsar | kadya hèrnawa balane | wontên gangsal èwu kuda | dharat tanpa wilangan | anèng marga tigang dalu | rêrêp tanah Jagaraga ||

20. ing wuri budhal sang aji | tanggal pisan sasi Sura | sampun salin ing taun Je | liman sapta ngrasa tunggal |[10] pinetang sangkalannya | sampun prapta ing Madiun | masanggrahan kawan dina ||

21. Pangran Mangkunagarèki | budhal sangking Jagaraga | sadalu margi lampahe | praptanira Garobogan | panggih Sang Adipatya | Pugêr sami amêmangun | ing pikir ecaning lampah ||

22. dènira arsa masisir | Pangeran Mangkunagara | ingambêngan katanggêle | mangsaning jawah punika | luwung benjang kewala | yèn mêndha kang jawah wangsul | samangke luwung ngidula ||

23. anjampangi ing Matawis | kônca bupati punika | kang wontên Kêdhu Pagêlèn | sami sinupit ing mêngsah | dêlèr anèng Barangkal | saantuke matah bantu | mring Kêdhu Pagêlèn samya ||

24. tan adangu dungkap prapti | dutane Suryanagara | maring pangeran jujuge | lampahe atur wuninga | tiwas kasambut ing prang | Tumênggung Jayadirjèku | lan Radèn Mangkuwijaya ||

25. Dipati Pugêr miyarsi | anjêtung astapirolah | Pangran Mangkunagarane | wurung dènnya arsa dhahar | kapingungun sadaya | pangeran andikanipun | dèn age sira banjura ||

26. dutane paman Dipati | Suryanagara nusula | mumpung kyai durung adoh | manawa kasêlak ngetan | gêcak ing Surabaya | Adipati Pugêr matur | ing Pangran Mangkunagara ||

27. lidok tur kawula inggih | yèn paduka tan nuntêna | yêkti katiwasan gêdhe | pêjahe pun Jayadirja | sêmpal baune kiwa | rama paduka sang prabu | punapa dene sampeyan ||

28. caraka lajêng lumaris | Pangeran Mangkunagara | bêktani mantrine roro | angirit carakanira | Radèn Suryanagara | lajênga [la...]

--- 22 ---

[...jênga] dhatêng Madiun | ing wuri dadoskên rêmbag ||

29. Pangran Mangkunagarèki | kondura dhatêng Mataram | Dipati Pugêr badhene | marentahakên wong desa | kinèn karya rêratan | karya lok maring wong dhusun | lamun natèng Kabanaran ||

30. wurung marang Surawèsthi | lampahe anikêl sêmat | anjog ing Dêmak badhene | akarsa gêcak Samarang | ngadu prajurit anyar | Pangran Mangkunagara wus | budhal sangking Garobogan ||

31. angidul ngilèn lumaris | anjog dhusun ing Gagatan | kalangkung rêsah balane | samarga-marga ngrêrayah | wong Sima wong Tênawas | nulya kang para tumênggung | kang têngga ing tanah Pajang ||

32. wus sami miyarsa warti | lamun gègère wong desa | wong bang lèr angili kabèh | prasami kumpul gêgaman | arsa mêthuk pangeran | anuwun parentahipun | ing Pangran Mangkunagara ||

33. Brajadênta Brajamusthi | Tumênggung Surawijaya | miwah Suradigdayane | lawan Suramangunjaya | Tumênggung Dipadirja | sakidul Sima kapêthuk | kang pra dipati sadaya ||

34. kumrubut sami ngabêkti | wusnya tata sami lênggah | pangeran sru timbalane | kabèh sanak pra dipatya | padha apêpuliha | patine kancanirèku | paman Tumênggung Jadirja ||

35. iya loji Bayalali | iku apa nora kêna | iya kinarubut ngakèh | ature kang pra dipatya | anggèr kalangkung gawat | akathah mariyêmipun | botên kenging ginagampang ||

36. Pangran Mangkunagara ngling | payo padha pêpikiran | sun mondhok ing ngarêp kono | sigra sarêng bêbudhalan | kèndêl ing pasanggrahan | parentah ing pra tumênggung | sami kinèn angrampida ||

37. nacak loji Bayalali | binanton môncanagara | bupati kapitu kabèh | tigang èwu kêkapalan | bupati tanah Pajang | kumpul wontên kuda sèwu | wadyagung grêgut sarkara ||

7. Dhandhanggula

1. kang kinarya panganjuring jurit | nênggih Tumênggung Surawijaya | Tumênggung Dipadirjane | prapta surak gumuruh | wetan loji sakidul loji | miwah lèr baris gabag | mung kang kilèn suwung | prajurit môncanagara | pêksa nêmpuh mariyêm sadaya muni | akèh turôngga kêna ||

2. samya giwar wong môncanagari | pan angetan sami ingadhangan | mantri jêro jêjênênge | sakawan ngajak wangsul | wangsul ngilèn kang pra dipati | amor Bupati Pajang | anggênggêng ngêndhanu | bantu sangking Surakarta | prapta dalu Kapitan Tolong tinuding | lan Alpèrès Salija ||

3. kalih atus ingkang Bugis Bali |

--- 23 ---

Jawa tindhih mas Surakartika | sami mêdali kêkèdhèr | nglêlèdhèk tangkêpipun | upêsir kang sami turanggi | lan para mantri Jawa | wontên kuda satus | arame dènira aprang | yèn binujung panggiware nganan ngering | mariyêm loji munya ||

4. kadi guntur wantu-wantu muni | panggiware tan ana kang tahan | kang lèr sangêt pangangsêge | pinetar kawu kawur | ingkang wetan angangsêg malih | dèn mariyêmi bubar | gumrubyug angêlun | dènira aprang sadina | tanpa wêkas pukul lima mundur sami | pra dipati sadaya ||

5. lajêng sowan ing ngarsanirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | gumujêng myarsa ature | ingkang para tumênggung | lan ature mantri jro sami | kang jênêngi ngayuda | sangsaya angguguk | wis datan kêna pinaksa | bêbèdhungên wong desane kanan kering | ya padha rusakana ||

6. pan sadalu gunêm pra dipati | enjing pangeran sigra têngara | angidul ngetan budhale | sagung kang pra tumênggung | kinèn wangsul barise sami | Pangran Mangkunagara | wus anjog ing Sanggung | sadalu enjinge budhal | sapraptane Barija mung tigang latri | lajêng dhatêng Mataram ||

7. kunêng wau carakanirèki | nênggih Dipati Suryanagara | ing Madiun duk praptane | katur marang sang prabu | wus binuka suratirèki | lagya antuk satêngah | sang nata anjêtung | animbali pra dipatya | para mantri tuwin sagunging prajurit | prapta glar ngarsa nata ||

8. surat kinèn amaosa malih | marang Ki Tumênggung Sindusastra | wus prapta watês tibane | patine Ki Tumênggung | Jayadirja sagung miyarsi | gumêr pangungunira | kadyamin puniku | amine sidhêkah Ruwah | pangungune wong kathah wijiling lathi | nata dhawuh kang waspa ||

9. langkung rêntêng tyasira nrêpati | kadya wangsula ngilèn cinipta | sampun kaliwat rêmbuge | dènnyarsa atatêmu | lawan têdhak ing Surapati | sêmados sri narendra | benjang praptanipun | ing nagari Kartasana | sawêg sami ngumpulkên sakadangnèki | ingkang wontên Lumajang ||

10. kalangkung ruwêt sri narapati | datan antuk anadhah anendra | barusah bubrah galihe | katon sasolahipun | Ki Tumênggung Jayadirjèki | rewang duk abêbakal | wimbuh ing tyas kambuh | lami tan kêna sinaba | sidhêkahe para kaji kinèn ngaji | ing sapandhuwurira ||

11. sampun lami mèh kapiran budi | wontên caraka sangking bang wetan | Adipati Cêbolange | kang

--- 24 ---

ngirit praptanipun | anak putu ing Surapati | ing Kadhiri wus prapta | cacahe nak putu | kang mungêl sajroning layang | pitung dasa putunira Surapati | kang mêdal anak gangsal ||

12. ing samangke ingkang ambaboni | anak Barahim Wiranagara | anak Lêmbulêmgorane | miwah ta anakipun | Tirtanata sami anunggil | anak Suradilaga | Surapatènipun | ngumpul ing Barahim suta | sutanira sakawan kang jalu nênggih | kang sêpuh namanira ||

13. Radèn Malayakusuma nênggih | kang umadêg anèng nagri Malang | kang dadi pangaubane | ing sagung sanakipun | arinira namanirèki | Radèn Suranagara | kalih arinipun | Rahadèn Jayanagara | ari malih agênge anglêlangkungi | wontên tigang manusa ||

14. Ki Mas Sênthong kalareanèki | anama Radèn Tirtanagara | amung banthèng titihane | turôngga sagêngipun | tan kawawa dipun titihi | kadhang anitih cikar | mangkana sang prabu | kapencut sajroning surat | ing tyas aris lêjar pangungunirèki | mring Tumênggung Jadirja ||

15. budhal sangking Madiun sang aji | balanira pan kadi samodra | Suryanagara dutane | wus pinaring sul-angsul | sarta kintun salawatnèki | lan ulês kinintunan | mori tigang kayuh | wangsule sarêng bubaran | sri narendra mring Ngêblêg Kartasanèki | masanggrahan Caruban ||

16. enjing budhal sawadyanirèki | sadintên rawuh ing Kartasana | masanggrahan ing wismane | nênggih bupatènipun | kang wadyagung makuwon sami | kadya suwak kang praja | kanggenan wadyagung | arja ing sami sakala | pra dipati bang wetan sadaya kêrig | tugur nèng Kartasana ||

17. nuntên mundhut utusan sang aji | anganthèni Ngabèi Dul Jalal | Tumênggung Dêmak waune | ingkang badhe ingutus | animbali sutèng Barahim | kanthi punggawèng Srêngat | lan Japan puniku | Ngabèi Pêndhawajaya | wus lumampah sapraptanirèng Kadhiri | dhawuh ingkang timbalan ||

18. Adipati Cêbolang pangirid | lawan Radèn Malayakusuma | Ibrahim suta malihe | lawan sakadangipun | dêdamêle yèn winitawis | gangsal atus sadaya | paworing wongipun | lan prajurit Surabaya | wontên sèwu praptaning Kartasanèki | apan pinaring kurmat ||

19. iya dene taliti prajurit | urmat baris ngalun-alun aglar | lamun prajurit jro bae | sêsêg lun-alunipun |

--- 25 ---

lan angirab pangeranèki | busananing kang wadya | kaparak dinulu | baranang giri pawaka | warna-warna lir panjrahing puspitadi | ngebati kang amulat ||

20. praptanira baris angurmati | munya kêndhang gong bèri sauran | sêrunèn lan carabalèn | kodhokngorèk angungkung | sarta êdrèl nginggil turanggi | eram dènira mulat | wong Surabayèku | miwah prajurit ing Malang | sami dongong miyat tingkahing prajurit | kaya dudu manungsa ||

21. kêbat rikat acukat tarampil | sêbat-sêbut amor kudanira | atusan tinggal tingkahe | wau kalih tumênggung | ingkang mêthuk jawining kori | sadaya ingandikan | wau sang aprabu | ngrasuk busana sabrangan | arasukan toromur wungu rêspati | angagêm kuluk jangkang ||

22. baludru cêmêng mubyar binodir | kêkintunira dêlèr Samarang | pan sarung Bugis nyampinge | rema têtêl apatut | kadya prabu ing Maispati | wau kalih punggawa | kang ngirit lumêbu | Mas Rôngga Wirasantika | lan Pangeran Pakuningrat ngacarani | marnahkên ênggènira ||

23. dupi cêlak sang nata nambungi | padha dèn parêg ing ngarsaningwang | sami sandika ature | sami asèlèh dhuwung | kumarubut sami ngabêkti | mangaras ing suku sang | mangusapi lêbu | sawusnya têlas sadaya | Ki Ngabèi Dul Jalal mrêpak bêbisik | punika kang rasukan ||

24. kotang têratean cêmêng nênggih | kang abêbêt sambojèjo ingkang | talaga muncar udhênge | pun Cêbolang pukulun | sigra mundur wusnya bêbisik | Ki Ngabèi Dul Jalal | ngandika sang prabu | angenconga lungguhira | ingsun tuduhêna kang sawiji-wiji | Cêbolang nêmbah mangsah ||

25. dupi parêg rinanggèh astèki | dimarene aja sira taha | marêpa mangulon bae | ngisore dhampar ingsun | Ki Cêbolang marêbês mili | kawratan sih sang nata | kabèh sami ngungun | dene lagya wruh sapisan | pêpatute lir wus wêruh tigang warsi | rakête pawong sanak ||

26. ngandikaris Cêbolang kang êndi | Ibrahim suta ingkang atuwa | kang dadi pamugêrane | Cêbolang nêmbah matur | kang rasukan baludru wilis | ingkang udhênge jingga | limar nyampingipun | nulya winastan sadaya | sadhèrèke sakawan dipun wastani | myang kadang naking sanak ||

27. panggulune Suranagarèki | nuntên arine Jayanagara | nuntên ingkang wuragile | kang luwih agêngipun | Ki Mas Sênthong Tirtanagari | ingawe [inga...]

--- 26 ---

[...we] kinèn nyêlak | kang langkung gêngipun | kinèn acucul rasukan | rasukane nênggih kotang kêstob putih | wus sami cinuculan ||

28. iki baya kang atiru kaki | wong samene iki nora nana | ingkang mêngkono gêdhene | ing sabarisan agung | suka gujêngira nrêpati | dangu-dangu umiyat | yèn ana wong sêpuh | lah kang tuwa iku sapa | kang jêjenggot Cêbolang matur wotsari | abdi dalêm pun bapa ||

29. sri narendra angandika aris | sira ingkang nama Wirasraya | duk kakang prabu syargine | kang kinarya tumênggung | iya Sêcanagara nguni | kalane Pranaraga | duk sira jinunjung | pukulun inggih kawula | kinarsakkên lan pun anak Sawunggaling | gih pun Sasranagara ||

30. sri narendra kèngêtan ing galih | iya ta lah wus nora kayaa | Si Sawunggaling budine | prakosa nora tangguh | tundhabema têmah kacêlik | apa tan rêmbugana | kalawan sirèku | Wirasraya matur nêmbah | sêdyanipun Surapringga miyambaki | arsa nama dipatya ||

31. kula myarsa kula pituturi | babar pisan aluhung sowana | sampun tanggêl pênggawene | ing paduka rumuhun | kula ingkang têngga Kumpni | manahe dèrèng eca | bilih pinakewuh | sang nata alon ngandika | iya iku wong tanggung pikire ugi | ing wêkasane tiwas ||

32. Wirasraya umatur wotsari | kala tuwan kithèng Kabanaran | sabarang atur-ature | ing paduka pukulun | pan kawula inggih sapalih | ngungun duk amiyarsa | wau sang aprabu | lah iku anake sapa | bapakipun pukulun pun Sawunggaling | pinêndhêt anak angkat ||

33. dhatêng abdi paduka ing nguni | gih pun uwa Dipati Jangrana | Wiradêdaha mantrine | ngandika sang aprabu | yèn mangkono boboting cilik | dudu karabatira | iya sira iku | apane Jayapuspita | nêmbah matur mantu kang sêpuh pribadi | nging mantu pêpulunan ||

34. iya Wirasraya wus pinasthi | sira mênangi ing jênêng ingwang | karsaning Hyang Rahmat gêdhe | aja taha sirèku | ngemutêna mêmulang nênggih | pratikêling ayuda | umatur anuhun | pan sarwi marêbêl waspa | tega têmên mring kang abdi Surawèsthi | sang natèng Kabanaran ||

35. dangu-dangu sang nata ningali | ragi nganan ana kang alênggah | agawat ing pasêmone | aragang dhapuripun | tuwan ora tuwa sayêkti | anetra lêngguk liman | nanging gutuk untu | rambutipun dèrèng uwan | maksih cêmêng rasukan baludru wilis | kotang

--- 27 ---

renda satêbah ||

36. udhêng Arab sruwal kêrstin abrit | bêbêd ragi Bali kêkencongan | gêdhog Makasar bêntinge | nyuriga pêdhang suduk | pantês lamun dhokoh ing jurit | ngandika iya sapa | Wirasraya iku | kang ana ing keringira | Wirasraya pukulun abdi nrêpati | anakipun pun uwa ||

37. têtilare abdi padukaji | gih pun uwa Dipati Jangrana | mangkya ngabèi namane | gih Jangrana pukulun | apikagèt sri narapati | apa iku kang aran | kalareanipun | iya Ki Jaka Tangkêban | matur inggih gumujêng sri narapati | hèh pawong sanak ingwang ||

38. aja ngarani angkoh ing mami | ngrungu syara durung wruh ing rupa | tibaning wruh lagi kiye | sukur rahmat maringsun | ing têgêse dene mênangi | ingsun amurwèng yuda | sira durung lampus | kawilang prajurit kuna | mêngko ingsun bisa têmu lan sirèki | sayêkti bêgjaningwang ||

39. adhi Mlayakusuma sirèki | ngulihana iya jênêng bapa | nama ing kaki angsale | anamaa sirèku | Adipati Wiranagari | lamun sira kaduga | loji Gêmbong iku | uwisêna babar pisan | nagri wetan sun srahakên ing sirèki | babone Pasuruan ||

40. Pajarakan Prabalingga Bangil | Porong Malang miwah ing Lumajang | sun paringkên sira kabèh | sakèhe anak putu | pra dipati lan para mantri | padha angèstrènana | ing jêjulukipun | Dipati Wiranagara | atur sêmbah para mantri pra dipati | kabèh saur kukila ||

41. Adipati Cêbolang nambungi | loji Gêmbong wus lami kinêpang | muwêr sami Walandine | mila kèndêl pukulun | dèrèng wontên ingkang ngidèni | mangkya maksih kinêpang | inggih kang tinuduh | Kartanagara Lumajang | kadangipun nak-sanak pun adipati | nênggih Wiranagara ||

42. angandika wau sri bupati | adhi Dipati Wiranagara | bantonana prajurite | kang ngêpang Gêmbong iku | arinira iya kêkalih | ya Si Suranagara | namaa tumênggung | Tumênggung Suranagara | ingkang anom iya wuwuha namèki | Arya Jayanagara ||

43. sun gawani nagara kêkalih | ambantoni marang Pasuruan | ing Japan Wirasabane | mangkata besuk esuk | dhuwung waos wus dèn paringi | kandêlan wrat nyakawan | êmas sêpuh-sêpuh | prasami sopal kancana | miwah malih rasukan baludru sami | lan sakancinge pisan ||

44. niga bêlah reyal dèn paringi | Radèn Tumênggung Suranagara | Arya Jayanagarane | kalih agêng tyasipun | èpèk renda dipun paringi |

--- 28 ---

katimange kancana | wawrate nyapuluh | kang kèri kinèn mondhoka | tinut wuri jodhang puluhan waradin | sawong prajuritira ||

45. pêndhak enjing ing budhalirèki | Suranagara Jayanagara | Ngabèi Japan kanthine | wau ta ingkang kantun | Adipati Wiranagari | lan Dipati Cêbolang | pan ing sabên esuk | sowan dènira ngandikan | lan sang nata gunêm masalahing jurit | lan sagung pra dipatya ||

46. akasukan wau sri bupati | papêdhayan prajurit tayungan | wong Balianyar praptakèh | sami darahing ratu | namanira Dyan Maniklungit | lawan Radèn Jayastra | ing babêktanipun | sangking ing Nusakambangan | nigang dasa praptane nêdya angabdi | mring natèng Kabanaran ||

47. wus pinacak kinarya prajurit | nama atusan wong Brajayuda | ing kaparak golongane | sami rasukanipun | pêthak tinarètès ing abrit | sami sinungan jangkang | kabèh kulukipun | nênggih sami binacingah | abang putih samyagêng ing tyasirèki | wadya Nusakambangan ||

48. sabên enjing mijil sri bupati | ngirabakên prajurit sadaya | angajari prang pagute | kang pinrih gêlaripun | angsahira kinèn maoni | mring Ngabèi Jangrana | dhinawuhan sampun | Mas Rôngga Wirasêntika | wadana jro ingkang kinèn andhawuhi | sagung wadya kaparak ||

49. kirab anèng jawining nagari | pinggir wana ara-ara jêmbar | prajurit sru têngarane | kang prang kuda rumuhun | nuntên wadya kaparak sami | umagut aprang dharat | winêtokkên sampun | sadaya wus kawuningan | mring Ngabèi Jangrana wus dèn takèni | marang sira mas rôngga ||

50. pundi paman kang dèrèng prayogi | anauri Ngabèi Jangrana | inggih anak sadayane | sampun sami panuju | anglangkungi gêlar puniki | lawan kang kina-kina | laluri winangun | pun bapa amung satunggal | dèrèng sênêng prajurit jro angsahnèki | sami anyèrèd tumbak ||

51. dene kêdah unggul ing ajurit | inggih sawêg winaris kewala | anak amrih sayêktine | dede prange wong agung | butatuli tumbak cinangking | punapa sok pêranga | banjur soroh amuk | lajêng mijêt baunira | kiyu têmên bau kula aningali | anak angsah andika ||

52. yèn apranga lan wong Surawèsthi | kula tadhahi gêlar balêsar | dadia senapatine | kula rewangi ngantuk | gumêr sagung kang pra dipati | suka gumujêng samya | Jangrana acucut | anak mas [ma...]

--- 29 ---

[...s] ukaraning prang | sapambalang rubuhe kang watang sami | yèn prang ngangge ukara ||

53. Rôngga Wirasêntika dhêkoni | mila paman wingi sri narendra | sampeyan pinrih têgêse | maonana kang luput | botoh sêpuh pasthi prayogi | yêkti lêrês sampeyan | bucal ukarèku | angling Ngabèi Jangrana | apan kangjêng sang nata amrih utami | sampun bucal ukara ||

54. botên ngangge wawratan ngajurit | sok apranga angamuk kewala | tan etung kalamangsane | sidaguri winadung | yèn nêgara witing kasambi | kang dèn angge punapa | inggih wadungipun | punapa inggih wontêna | gênging wadung sakala sabôngka nênggih | sangkale satirisan ||

55. manusane wontêna rong èsthi | malah langkunga ing patang gajah | anak puniku inthane | sami suka gumuyu | kang miyarsa para dipati | sumyak ambata rêbah | sarêng unduripun | sapraptanirèng paseban | Ki Jangrana kêdah akantun nèng jawi | tan purun lumêbêta ||

56. gih sampuna pun anak pribadi | atur kula têlas ing pun anak | mas rôngga sarêng lêbête | praptèng byantara prabu | sri narendra angandikaris | anèng di Si Jangrana | rôngga nêmbah matur | kêdah nèng jawi kewala | priye rôngga apa ana dèn waoni | mau mring Si Jangrana ||

57. Rôngga Wirasantika wotsari | datan wontên ingkang winancenan | ginunggung gêlar sakèhe | mung satunggal pukulun | dipun cacad dipun poyoki | mangsah nglêlandhak tumbak | dede kramanipun | winastan tilar ukara | ngicalakên parikramaning ajurit | ambutatuli nasak ||

58. cucudipun inggih marêk ati | sri narendra alon angandika | rôngga bênêr lamun kuwe | ya lagi buru butuh | lagi durung ana pinikir | saakal-akal ingwang | durung ana tinut | mêngko ana botoh tuwa | yêkti wajib sagêlare dèn ugêmi | anganggo môngsakala ||

59. timbalana malêbu tumuli | lawan si adhi Wiranagara | lan Dipati Cêbolange | Wirasraya yya[11] kantun | kang Jangrana padha wong buki | mas rôngga sigra mêdal | praptèng jawi dhawuh | kerit lumêbêt sadaya | sapraptane ing ngabyantara nrêpati | sang nata angandika ||

60. dhi Dipati Wiranagarèki | paran wartane kang bantu ngetan | kadangmu karo lakune | Si Suranagarèku | lan Si Jayanagara nênggih | ana guyuning rowang | sigra awotsantun | Dipati [Dipa...]

--- 30 ---

[...ti] Wiranagara | inggih abdi dalêm dutanipun prapti | Gêmbong taksih kinêpang ||

61. abdi dalêm Pasêdhahan gusti | sampun rantam barise pinancak | tigang èwu dêdamêle | ping kalih yudanipun | bantu sangking ing Surawèsthi | prang wontên Prabalingga | ing mangke pukulun | bantu Sampang Surapringga | kang abantu mantuk dhatêng Surawèsthi | badhe wangsul wartanya ||

62. kathah bantu kang sangking Samawis | sami tata wontên Surapringga | miwah Madura bantune | inggih kang tigang èwu | wangsul lawan bala Kumpni | kawan èwu Madura | inggih badhenipun | anggitik môncanagara | Wirasaba ing Japan miwah Kadhiri | bêkta Kumpni mudha ||

8. Sinom

1. kawan atus Kumpninya | dhomas ingkang Bugis Bali | kawan èwune Madura | mila tahanipun mangkin | yakine kang pawarti | lamun paduka pukulun | rawuh môncanagara | mau gumyahing pawarti | mung Pangeran Mangkunagara kewala ||

2. mila inggih Surapringga | ingkang sami dèn jagani | kêrig prajurit Madura | kang tugur ing Surawèsthi | sang nata ngandikaris | adhi Wiranagarèku | lah iya ngarah apa | sêlot-sêlote ta adhi | sêdhêng bamban anata prajuritira ||

3. mangkana wau sang nata | angayêm-ayêm kang abdi | nèng tanah môncanagara | akasukan sabên latri | lan sagung pra dipati | sami eca manahipun | tuwin wong agung wetan | anak putu Surapati | langkung carêm anggung atampi ganjaran ||

4. sampun kinulawisudha | sinungan nama dipati | Dipati Wiranagara | kadange nom tiga sami | apan sinami-sami | sinungan nama tumênggung | mintir kang dana boja | wus inganggêb kulit daging | kunêng ingkang sawadya angeca-eca ||

5. gantya malih kawuwusa | kang sabên dina ajurit | Kêdhu Pajang lan Mataram | Pagêlèn rame ajurit | kang baris Kêdhu sami | kasoran samangke unggul | Pangran Mangkunagara | pinarêg wontên Matawis | milanipun kang mêngsah sadaya taha ||

6. Sultan Bantên angkatira | lan bupati para mantri | badhe anggitik Toyamas | Tumênggung Mangkudirjèki | prajurit kang turanggi | sadaya pan wolung atus | kalawan pitung dasa | kalih èwu dharatnèki | praptèng Lêdhok pamardèn dhadhal sadaya ||

7. Tumênggung Yudanagara | bitinge wetan nagari | galugu kinapurancang | santosa dipun tênggani | sagung para ngabèi | bang kilèn tugur ing ngriku |

--- 31 ---

kathah kêriganira | wau ta sampun miyarsi | lamun Sultan Bantên badhe mukul ing prang ||

8. sigra dènira utusan | marang Pagêlèn lumaris | duta prapta atur surat | marang Ki Tumênggung siji | siji marang Kumpni | Kapitan Bagrak puniku | sami ungêling surat | nêdha bantu ing ajurit | alon mojar Ki Tumênggung Arungbinang ||

9. tuwan lamun datan rikat | bilih kawratan pun adhi | Tumênggung Yudanagara | Kapitan Bagrak sigrangling | dika amatah mantri | kewala ingkang abantu | lawan Kumpni kula | kapat sasur ingkang putih | Luknan[12] Bungsèt puniku kang ngirit lampah ||

10. lawan bature si bapak | Kapitan Gôndariyèki | wong Bali sèkêt kêwala | bêktaa mriyêm kêkalih | ki tumênggung anuding | kêkalih panèwunipun | lawan sakancanira | sadaya cacahing mantri | prajurite gangsal atus kang turôngga ||

11. Ngabèi Martadipura | Panèwu Marta rannèki | budhal lampahe asigra | datan kawuwus ing margi | ing Banyumas praptènjing | wus panggih lan ki tumênggung | pinarnah ing panggenan | lawan mariyêmirèki | bètèng pasang rakite langkung santosa ||

12. langkung sugun-sugunira | mangkana ingkang winarni | Ki Tumênggung Mangkudirja | lan prabu ing Pakungwati | panganjurira prapti | nocok pabitinganipun | rame surak wurahan | ing jro anadhahi bêdhil | sami giwar ngantosi ing gustinira ||

13. tan adangu praptanira | Sang Prabu Mangkarawati | lan Tumênggung Mangkudirja | angangsahakên prajurit | Ki Tapa angawaki | angirit prajuritipun | wong Bantên andêling prang | tigang dasa sondhèr kuning | têtindhihe Radèn Arya Kêndhayatan ||

14. ingangsahkên ngamuk dharat | angrangsang angrêbat biting | amung kêkalih turôngga | kêstapa kang maksih nitih | lawan radèn aryèki | Kêndhayatan maksih manggung | nèng kuda songsong pêthak | santana ing Pakungwati | naking-sanak lan Sultan Tubagus Buwang ||

15. prajurit Bantên angrangsang | datan kandhêg dèn bêdhili | Ki Tumênggung Mangkudirja | angawêt anganan ngering | Sultan Bantên jênêngi | songsongipun kuning sungsun | caruk prajuritira | anarik kolowang sami | pangungkihe nêdya ngobrak-abrik jagang ||

16. angrangsang-ngrangsang katulak | ingêdrèl ngudani mimis | kumêrap maksih angrangsang | prajurit ing Pakungwati | sogok-sinogok sami | arame rok silih caruk | akathah kang kabranan | dèrèng suda tyase sami | angawaki dharat Radèn Gêndhayatan ||[13]

17. kinarutug ing

--- 32 ---

sanjata | wong Bantên amêksa ngungkih | wus akathah kang kabranan | binayang mundur kang kanin | kang kari nusul ngungkih | berangi biting galugu | prajurit kang turôngga | kang sami dèn mariyêmi | sami giwar sagung prajurit turôngga ||

18. kang angrangsang ingêdrelan | asru dèn êsoki mimis | sangkin kathah kang kabranan | Ki Tapa kudane kêni | mundur prasamya miris | Kumpni pangêdrèlipun | rontaka lan darebas | langkung ramening ajurit | sami mundur marang wana tarataban ||

19. kalih jam ing yudanira | prajurit ing Pakungwati | ingkang pêjah tiga wêlas | pêpitu kang sami kanin | Sang Prabu Pakungwati | asru dènira amuwus | hèh kakang Mangkudirja | paran pênêde puniki | anauri inggih ta sadasa-dasa ||

20. wong mungsuh botên katingal | wong aprang kalawan mimis | lamun sami katingala | sayêkti gitik-ginitik | saksat mungsuh dhêdhêmit | yèn wontêna ingkang mêtu | kula kang anarajang | kula ilês ing turanggi | yèn punika inggih anggèr taksih gawat ||

21. lamun suwawi punika | paduka kula aturi | panggih lan raka paduka | Pangeran Purubayèki | sami amangun pikir | bilih dhakan sangking kidul | anggitik ing Toyamas | Sultan Bantên anuruti | budhal ngidul mring Pagêlèn saha bala ||

22. Ki Tumênggung Mangkudirja | tinuduh kinèn ngawaki | nèng lêledhok sangking wetan | sandika Mangkudirjèki | lawan nguruni mantri | têtiga kalawan jagul | tumênggung ing Banyumas | sampun amiyarsa warti | ing budhale mring Pagêlèn mungsuhira ||

23. nora gawa baris Jawa | sang prabu ing Pakungwati | prajurit Bantên kewala | mung bêkta têtiga mantri | mantri kang anjagani | jagul pêpikulan sangu | prajurite priyôngga | wong Bantên ingkang marjurit | botên luwih mung tigang atus sawidak ||

24. panggih wetan Bagawônta | Pangeran Purubayèki | anèng dhusun Bantardawa | kasoran dènira jurit | lamun kang rayi prapti | pinêthuk lajêng kapêthuk | sami arêrangkulan | wus tata sami alinggih | sami tutur-tinutur kasoran ing prang ||

25. Pangran Arya Purubaya | tutur kasoran ing jurit | kalawan Kapitan Bagrak | rêbat Pagêlèn tan olih | mangke baris Kumpni | sampun wontên ing Sagaluh | kalawan Arungbinang | Pagêlèn wetan dèn goni | Sultan Bantên tutur kasoran ing yuda ||

26. anggitik nagri Toyamas | pinêthuk wetan nagari | bitinge langkung santosa | tan kêni ingungkih jurit | lawan wontên [wontê...]

--- 33 ---

[...n] Kumpni | sangking Pagêlèn bêbantu | dadya mangke ngandika | Pangeran Purubayèki | adhi prabu punika rêmbag kawula ||

27. kula bantoni punggawa | satunggil pun Sawunggaling | dadosa êlok kewala | mukul ing Toyamas malih | yèn sampun kapiyarsi | nuntên wangsula angidul | mêdal kilèn kiwala | mukul Pagêlèn sayêkti | kula adhi ingkang gitik sangking wetan ||

28. yèn sampun Pagêlèn pêcah | Toyamas puniku gampil | sangking ing ngriki kewala | kang wetan Mangkudirjèki | dika kèn angawaki | payo-payo apingamuk | adhi puniki warta | kang nglurug mangetan sami | sampun radin têtiyang môncanagara ||

29. antuk bumi pitung lêksa | raka dika sri bupati | sampun mèh angkat-angkatan | gêcak loji Surawèsthi | kula lan dika adhi | lan raka andika besuk | kangmas Adiwijaya | lamun kantuna ing kardi | gih punapa adhi sae pêpanggiha ||

30. anggitik ing Surapringga | raka dika sri bupati | ngadu wong môncanagara | prajurite kang turanggi | salêksa malah luwih | dharate rong lêksa langkung | botên lami watara | pêcahe ing Surawèsthi | lajêng ngilèn raka andika sang nata ||

31. puniki yèn kalêrêsan | yèn bêdhah Toyamas adhi | botên kudu ngêpung Têgal | sami pinaliwat adhi | Pamalang dèn anciki | sayêkti nuli atêpung | dhimas Natakusuma | kangmas Adiwijayèki | sayêktine kapanggih ing Pakalongan ||

32. Dipati Suryanagara | ngancik Kêndhal Lèpèntangi | raka andika sang nata | pasthi Kêndhal dèn anciki | angêpung ing Sêmawis | kula andika puniku | kangmas Adiwijaya | sami ngêpung loji Têgil | pan mangkatên rekane yèn angsal lampah ||

33. tinêlukkên wong Pasundhan | sangking ing Toyamas benjing | sayêkti gampil kewala | môngsa ngawalana jurit | yèn Pasundhan wus radin | Batawi aja cinatur | liniwatan kewala | mulih marang Pakungwati | kula lawan Dipati Suryanagara ||

34. kang ngatêr ing laku dika | mulih marang Pakungwati | adate raka andika | yèn aprang wus antuk titih | botên marêm ing galih | pangamuke ngiwat-ngiwut | tan ana malang-malang | gêmpang ngangkang kapalipis | pan anglurug tan wontên gawêr ing marga ||

35. apan wus tamtu ing wêca | adhi yèn têrah Matawis | yèn wus umbul-umbul Kuran | ing ayuda pilih tandhing | raka dika puniki | ngantêpi agamanipun | kathah kadang kawula | adhi mung siji puniki | têtêkone têtêp mantêp ing agama ||

36. kalangkung suka miyarsa | Sang Aprabu Pakungwati | myarsa kojahe kang raka |

--- 34 ---

Pangeran Purubayèki | rêmbuge sampun dadi | kunêng gantya kang winuwus | tumênggung ing Toyamas | angantukakên Walandi | mring Pagêlèn yèn mêngsah angidul samya ||

37. anjog Pagêlèn sinêdya | Sang Prabu Mangkarawati | Kapitan Bagrak ginêcak | kang tate prang amêtoni | tan purun prang jro biting | Kapitan Bagrak datipun | watêr ayuda dhadha | angantêp gitik-ginitik | wêwatêke Kapitan Bagrak anggagrak ||

38. lampahira wangsul gêlar | marang Toyamas ing warti | binanton Pangran Purbaya | kang dinuta Sawunggaling | margi malipir wukir | Selamanik mênggok ngidul | dalu dènnya lêlampah | Karangdhuwur kang dèn jogi | têlikira Ki Tumênggung Arungbinang ||

39. kang kinèn amomor lampah | mring sultan ing Pakungwati | gugup dènira anyimpang | sapraptane tur udani | yèn mêngsahira mangkin | nambuh lampah Karangdhuwur | badhe anjog angetan | kang angiring Sawunggaling | ki tumênggung miyarsa gupuh lumampah ||

40. mring loji panggih kapitan | bilang mungsuh andhatêngi | sêdya anambung ing lampah | urut sèwu kang dèn jogi | gupuh dènnya miyarsi | angundhangi wadyanipun | sigra Kapitan Bagrak | ki tumênggung kadipundi | akal dika punapa ta kinêdhikan ||

41. gih punapa kinathahan | magut rajèng Pakungwati | adat puniku prawira | botên kêni ginagampil | duk wontên Pakungwati | wikana mangke puniku | Tumênggung Arungbinang | inggih tuwan winitawis | sampun kongsi kuwatir kang kantun wuntat ||

9. Pangkur

1. tuwan pinalih kewala | gih kêpara kathaha ingkang kari | kula mung bêkta rongatus | prajurit kang turôngga | ingkang dharat amung bêkta tigang atus | sapalih mantri kang milya | Kapitan Bagrak amijil ||

2. dragundêre kawan dasa | kalih dasa amung kang jalan kaki | kalih bêlah Bugis Wangsul | Kapitan Gôndariya | upêsire kang turôngga têlung puluh | sangking pakuwon wus budhal | ing lampah ragi anyilip ||

3. sarêng rêp Kalêgèn prapta | amakuwon anèng wismaning mantri | Kalêgèn wetan puniku | kiwa mot wong akathah | tan katawis margi agêng ingkang kidul | sadalu apirêmbagan | angreka gêlaring jurit ||

4. Ki Tumênggung Arungbinang | maos surat antuke punang têlik | cacah prajuriting mungsuh | pêpênêde sadaya | busanane kudane aja kaliru | kalih atus salawe prah | andêl pamuking ajurit ||

5. kang satus têtindhihira | pangiride Ki Demang Rêksapati | turanggane [turang...]

--- 35 ---

[...gane] jangjan biru | rasukan krêstin abang | talakupe baludru irêng puniku | grim kuning saruwalira | kêras Dêmang Rêsapati ||

6. Ngabèi Jayakintara | satus malih prajurit dèn tindhihi | turanggane abang sêpuh | mêrtaswejo bajonya | talakupe rêrendan baludru biru | lancingan biru sangkêlat | satêbah pêsmènirèki ||

7. dodot kuning salawe prah | kadi sondhèr puniku kang nindhihi | payung putih namanipun | Radèn Mas Gêndhayatan | kuda rajêg abajo irêng baludru | pinêsmèn urut dongdoman | udhênge cawêni putih ||

8. baludru jro kang lancingan | ambêranyak kuda adheyan ngirig | Ki Tapa nunggil ing ngriku | cêmêng turangganira | rasukane lurik kuning ulêr lulut | talakup baludru abang | saruwal kombor grim kuning ||

9. dene ta pangajêngira | wontên sèkêt dêmang bantu nindhihi | bajone sangkêlat biru | bopong turangganira | nora nganggo talakup kawêng talêkung | rangkêp sapta ngagêm baya | sultane kang payung kuning ||

10. turanggane dhawuk pêthak | kêkambile rarab baludru wilis | cindhe bang palisiripun | bajo toro kewala | salancingan ngiras sami salmur wungu | baludru cêmêng kang jangkang | tirah lung-lungan binodir ||

11. pangayape tigang dasa | mung sadasa kuda kang munggèng ngarsi | nanging arang kang asêpuh | sami rare sadaya | dipun eling tuwan barise martêlu | lawan tuwan dipun awas | mungsuh kang ala kang bêcik ||

12. Sawunggaling gène têbah | amung kuda sèkêt pan botên luwih | ragi kering ngarsanipun | punika benjang-enjang | Sawunggaling kula kèn mêdhot rumuhun | pisaha kalawan sultan | sang prabu ing Pakungwati ||

13. ingkang ngajangi kawula | lan pun bapa Gôndariya ing benjing | dene tuwan liyanipun | prajurite kang kathah | sampun tuwan obah sangking gène besuk | prang têtêg inggih kênia | yèn kula sor kula ungsi ||

14. kang adodot kuning tuwan | wong salawe pamuk andêling jurit | yèn durung katon puniku | sampun tuwan agahan | nadyan katon yèn kula dèrèng kaburu | sampun dika obah-obah | tan wontên kang kula ungsi ||

15. Kapitan Bagrak lingira | inggih tuwan tumênggung kadipundi | mungsuh sangking kilèn niku | lakunipun angetan | yêkti kula pêgat ing wetan umagut | nauri Kyai [Kya...]

--- 36 ---

[...i] Rungbinang | botên tuwan sangking kering ||

16. yèn tuwan pêgati ngarsa | balanipun Sang Prabu Pakungwati | pêparon watawisipun | yèn botên pratêlonan | ingkang jêrih kalayan ingkang apurun | lamun pinêgat ing ngarsa | kang jêjêrih têmah wani ||

17. yèn winêton ing ngiringan | ingkang jêrih tulus gènipun jêrih | sayêkti padha lumayu | kari kang wani padha | wong apêrang sanadyan mênanga iku | kalamun balane rusak | pan tiwasing senapati ||

18. rêmbag sadalu tan uwas | rêbat pikir sadalu apradondi | Kapitan Bagrak puniku | kêdah panggitikira | sangking ngarsa yèn mungsuh kalah kacakup | dèrèng rêmpêg kang pirêmbag | sami kakune tyasnèki ||

19. ki tumênggung nulya mêdal | api-api têtoya praptèng jawi | parentah ing balanipun | desa kang kulon ika | desa suwung padha obongana gupuh | ingkang tinuding lumampah | tumênggung lumêbêt malih ||

20. ing pakuwon palênggahan | lan Kapitan Bagrak nulya miyarsi | obong-obongan gumrudug | tanya Kapitan Bagrak | gni paran puniku tuwan tumênggung |[14] saure Ki Arungbinang | tuwan kula tan udani ||

21. saksana prasamya mêdal | lajêng mulat dahana gêgilani | Kumpni ngundhangan kumpul | miwah sagung wong Jawa | sami kumpul manawi solahing mungsuh | pangantine pan kongsi byar | lajêng budhal ngilèn sami ||

22. nanging kêkalih marginya | êlèr kidul kang êlèr dèn margani | datan têbih longkangipun | amung êlêd sadesa | kêkapalan kang sami wontên ing ngayun | kang dharat wontên ing wuntat | puk ro kathah dharatnèki ||

23. Kumpni miwah wong Jawa | kathah dharat lampah dadya sawiji | mêngsah lampahe mratêlu | Sultan Bantên nèng dhadha | Sawunggaling kang pangawat kiwanipun | têngên Panêmbahan Tapa | lawan dêmange kêkalih ||

24. Ki Tumênggung Arungbinang | kakang Kartilêksana dika ugi | lawan Martadika gupuh | dèn inggal anèng ênu | Sawunggaling pukulên kiwa gènipun | poma ta dèn kongsi pisah | lan Sultane Pakungwati ||

25. Ngabèi Kartilêksana | lajêng mangsah wau duta kang dêlik | prapta panggih ki tumênggung | matur mêngsah wus cêlak | tan adangu kang rantab-rantab kadulu | pangarsa dharat sawidak | Kapitan Bagrak udani ||

26. lajêng dènnya irnarajang[15] | binêdhilan lajêng palajêngnèki | ngetan sami dèn bêbujung | nyandêr Kapitan Bagrak | ki tumênggung kèndêl lan sawadyanipun | kalawan Kumpni Islam | lan Walandi jalan kaki ||

--- 37 ---

27. Kapitan Bagrak wus têbah | Luknan Bungsèt Kaptan Gôndariyèki | muwus marang ki tumênggung | tuwan tumênggung paran | dika susul sudara tuwan puniku | mungsuh kang agêng nèng wuntat | sarunène kapiyarsi ||

28. êndêlna kaparèng tiwas | ki tumênggung sigra nandêr pribadi | Kapitan Bagrak kasusul | ambêdhili wong dharat | mungsuh sami lari nalêsêp ing dhusun | sami wong ala kewala | tumênggung asru dènnyangling ||

29. hèh tuwan kapitan paran- | karsa dika kula botên mangarti | aprang botên ngangge rêmbug | sakarêp-karêp dika | botên kapok si kalèrêk tumpêsipun | lan si uce prang pajênar | ngangge karêpe pribadi ||

30. wong ala dika tarajang | mungsuh ingkang têmên mingsih nèng wuri | karungu kêndhang gongipun | sêrunèn kapiyarsa | batur dika puniki akèh kang kantun | kapitan mèsêm anulya | dawêg ki tumênggung bali ||

31. tan adangu lampahira | mungsuh katon eca dènnya lumaris | dupi sarêng ing pandulu | sarêng panêmpuhira | wong ing Bantên Kumpni ingkang tinêmpuh | ingêdrèl maksih angrangsang | panunjange numbak wani ||

32. amung tiyang kalih desa | yèn caraa yudane wong Mantawis | ngarsa nunjang wuri nusul | mila Kumpni rusak | punika ta kang ngarêp sampun anêmpuh | wuri ningali kewala | tinonton wontên nulungi ||

33. wus lingkap Kapitan Bagrak | sangêt kuwur sakêdhap wong Kumpni | sakawan dragundêr lampus | ingamuk tinalêmpak | ingkang pêjah tiga sangking kudanipun | tumênggung arsa tulunga | Sultane Bantên anggitik ||

34. ki tumênggung tinarajang | pinanggahan nanging wadyanirèki | sami miris manahipun | dadya sor yudanira | wus kabêrêg wau sira ki tumênggung | prajurit turôngga sirna | kantun ingkang dharat sami ||

35. kumpul ing wadananira | anggarêbêg tan pisah ing ajurit | amung kari ki tumênggung | kang maksih nitih kuda | sakathahe prajurit mawur katawur | kawone Kapitan Bagrak | sakêdhap nulya kapanggih ||

36. prajurit kang sami dharat | Kumpnislam Jawa lan jalan kaki | akathah sami têtulung | rame campuhing yuda | kari kathah wong Bantên abêr prangipun | dadya rèh ulêng-ulêngan | wong Bantên kathah ngêmasi ||

37. kasêmbuh ing praptanira | para mantri kang prang lan Sawunggaling | Sawunggaling wus kaburu | pisah kalawan sultan | sampun têbih kang ambujung sami wangsul | lajêng prang udhêl-udhêlan | lan prajurit Pakungwati ||

38. Sultane Tubagus Buwang | nandêr mangsah kumêrap wadyanèki | mangsit wau ki tumênggung | Kapitan Gôndariya |

--- 38 ---

inggih bapa lah puniku sultanipun | ngangsuhakên pamukira | wong salawe sondhèr kuning ||

39. ya kapitan Gôndariya | undhang dharat marang sagung upêsir | piyak maro barisipun | Sultan Tubagus Buwang | lajêng nêmpuh Kapitan Bagrak acampuh | arame caruk kalewang | Kapitan Bagrak kalindhih ||

40. amubêng palayunira | kaparêgok wau barisirèki | Kapitan Gôndariyèku | lan ki tumênggung nunggal | katêngkulak tinadhahan pamukipun | mring Kapitan Gôndariya | arame ungkih-ingungkih ||

41. rukêt acaruk landheyan | ki tumênggung sigra dènnya nulungi | binalik sarêng tinêmpuh | ki tumênggung kasingsal | kinaroyok ing dharat ing kering pungkur | ki tumênggung karepotan | bêdhile tan kobêr muni ||

42. nuju nitih kuda ajar | Ki Tumênggung Arungbinang mèh kêdhik | baya dèrèng ajalipun | kinaroyok ing mêngsah | mêngsah dharat milangèl pinrih ing lampus | kongsi ginêbug sunapan | ki tumênggung kudanèki ||

43. anggiwar angulêr kilan | kancanira mantri samya nulungi | kuwur sami katêlanjur | Kapitan Gôndariya | nguwuh-uwuh ing ngriki anak tumênggung | mila dika awor mêngsah | ki tumênggung sampun nunggil ||

44. wong Bantên kang sondhèr jênar | jêbul wontên têngah dènira jurit | pisah lawan gustènipun | sangking kuwur ing aprang | carub awor liru gon tan wruh ing batur | dragundêr Kapitan Bagrak | palayune wangsul malih ||

45. wau Radèn Kêndhayatan | kang angabên prajurit sondhèr kuning | wontên ing têngah angamuk | ngiwa nêngên solahnya | mobat-mabit Kêndhayatan pamukipun | mêngkab ingkang tinarajang | kanan kering anangkêbi ||

46. arame kinandhang-kandhang | binêdhilan sampun kelangan gusti | sultane apan bêbujung | ing para mantri Jawa | kang binujung anikêl palayunipun | samya jêbul malih têngah | angêpung kang dodot kuning ||

47. binêdhilan kering kanan | Gêndhayatan pamuke mobat-mabit | wong dodot kuning sapuluh | pan sampun sami pêjah | sultanipun lan Ki Tapa ambêbujung | wong dharat puniku gêlar | jaga palayoning jurit ||

48. Ki Tumênggung Arungbinang | gêndhingipun balithuk mungsuhnèki | prang bingung pating bilulung | Rahadèn Gêndhayatan | dangu-dangu sawab dening kinarubut | ing sinapan lan darebas | kêna cêngêle ngêmasi ||

49. tiba sangking kudanira | gya rinêbut [rinêbu...]

--- 39 ---

[...t] marang wong dodot kuning | ing uwot turangganipun | binakta bêdhah ngetan | kang tinêrak samya piyak pijêr jêtung | anon tingkah kang mangkana | wong atusan kèndêl sami ||

50. ngungun miyat solahira | wong limalas sami anggawa jisim | kang tinêrak dongong gêtun | baris atusan piyak | pêcah maro wong Bantên palayunipun | wong dodot kuning angetan | kasmaran kang ngulon sami ||

10. Asmaradana

1. dadya prasamya dèn ungsir | kang angulon kang angetan | prajurit kuda kimawon | kalawan Kapitan Bagrak | malah praptèng Wawala | sultane nulya kapêthuk | katur Radèn Gêndhayatan ||

2. punika ingkang ngêmasi | kapêngpêng mukanirabang | ngamuk abela sêdyane | kadangira naking-sanak | dadya para mantrinya | gendholi angajak mundur | mêngsah Kumpnine kathah ||

3. sang prabu ing Pakungwati | dèrèng kêni ingaturan | kuda siningsêt ambêne | Kapitan Bagrak punika | Sultan Tubagus Buwang | sêmune arsa angamuk | barise sigra winêcah ||

4. pinartêlu ingkang baris | wau ta kang lagi prapta | Pangran Mangkukusumane | dinuta marang kang raka | Pangeran Purabaya | ngundurna kang rayi gupuh | yèn kasoran ing ayuda ||

5. angamuka lêbugni |[16] adhi suwawi kondura | sarêng wau ing undure | angetan praptèng Galendhang | Ngawu-awu ngalèrnya | Kapitan Bagrak wus wangsul | datan purun angungsira ||

6. kang bujung mangilèn sami | Ki Tumênggung Arungbinang | datan wontên prajurite | wong Bantên repot sadaya | pikulan lan wadonan | anêmên pambujungipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||

7. anandêr dènnya nglancangi | wus kaliwat majêng ngetan | wong Bantên menggok angalèr | nêrak êmbêl ing talaga | kèndêl tan sagêd polah | têluk asrah darbèkipun | Ki Tumênggung Arungbinang ||

8. gupuh dènira nampani | kang atos-atos kewala | êmas miwah sêsotyane | lan busana kang prayoga | liyane kang punika | tinampèn ing mantrinipun | ing lètèr Surawikrama ||

9. tan karuwan cacahnèki | wonge sami inguripan | sami binônda kimawon | praptèng surup kèndêlira | panggih Kapitan Bagrak | dalu-dalu ngajak laju | mantuka dhatèng Ungaran ||

10. ing pukul sawêlas prapti | barisan loji Ngurawan | ki tumênggung mariksa ge | angiwa mring pasarean | kanthong motha ngungkaban | isi êmas sêpuh-sêpuh | graita Ki Arungbinang ||

--- 40 ---

11. êmas iki têlung kati | sun aturêna sang nata | iya dadi kayaningong | lami tinuduh ngayuda | durunga duwe kaya | iki parêng bêjanipun | gustiningsun sri narendra ||

12. mas walulon tigang kati | kang sami manjing dangdanan | pan inggih sakati malèh | sampun sami rinojodan | manjing mas patang katya | kunêng gantya kang winuwus | kang têtêp baris Ngungaran ||

13. Pangran Purbaya winarni | barise nangkil nèng Praga | wontên dhusun ing Kadêmèn | sawetaning Bogawônta | angênthêl manahira | nging balane maksih agung | wontên sèwu kang turôngga ||

14. kalih èwu dharatnèki | mantrinipun maksih kathah | nênêm para tumênggunge | kalamun gunggungên samya | sawarnining gêgaman | kadi langkung kawan èwu | dhasar abêr yudanira ||

15. Sang Aprabu Pakungwati | makuwon anèng Ngulakan | lêt patang desa têbihe | gène mêtak kang santana | Rahadèn Gêndhayatan | sultan ing Bantên kalangkung | dènira sungkawèng driya ||

16. kèh kalong ingkang prajurit | barana kathah kabandhang | tambuh raose manahe | Jêng Sultan Tubagus Buwang | anggung wayang-wuyungan | ciptanira kadya nusul | mring sang natèng Kabanaran ||

17. kang maring môncanagari | nanging èwêde kang manah | lagya tinuduh ing gawe | bêdhah nagari Toyamas | anggung soring ayuda | nadyan ajur rêmak-rêmpu | tinunggila ing sang nata ||

18. ingkang alagya prihatin | wuwusên Kapitan Bagrak | Tumênggung Arungbinange | sami majêng barisira | marang Pêgêlèn wetan | baris dhusun ing Sagaluh | rinakit loji anakan ||

19. prapta bantu sangking Têgil | sakawan kang pra dipatya | kawan dasa dragundêre | jalan kakine sawidak | dadya mantêp sadaya | jalan kaki kalih atus | lawan dragundêr sawidak ||

20. langkung agêng ingkang baris | Sêgaluh kadi nagara | pasar pabarisan gêdhe | nganggo kêbo sapi jaran | jinagan ing Walônda | pinindhoa yudanipun | pinukul natèng Banaran ||

21. kadi kasaid nadhahi | Ki Tumênggung Arungbinang | wus mari kamôndakane | madêg walulon tyasira | dene Pagêlèn ômba | radin wong nêmlikur èwu | ngumpul wus dadi satunggal ||

22. wus kathah kang nungkul prapti | para mantri numbakanyar | tilar Pangran Purbayane | ing Pagêlèn tan winarna | ingkang baris santosa | ya ta wuwusên ing Kêdhu | Mayor Sakèbêr barisnya ||

23. nèng

--- 41 ---

Tigawanu anênggih | mratiga kang baris Sêcang | sira Kapitan pan Dêr Pol | ing Tarayêm barisira | Sungrat kalawan Kulman | têtiga bupatinipun | Ki Tumênggung Wiradigda ||

24. lan Tumênggung Rajaniti | Tumênggung Surajênggala | dene Sêcang bupatine | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Sakèbêr kanthinira | kang abaris Tigawanu | bupati pasisir samya ||

25. Kêndhal miwah Lèpèntangi | têtindhih Tumênggung Batang | baris ing Kêdhu mêngsahe | Dipati Suryanagara | Pangran Natakusuma | wêwolu para tumênggung | sami wontên Kilènpraga ||

26. Pangran Adiwijayèki | lan Tumênggung Mangkudirja | nabrang angidul barise | karsane angulatana | Sultan Tubagus Buwang | miyarsa sor yudanipun | pacak baris ingulatan ||

27. Tarayêm anggung ajurit | lan bala Mangkunagaran | nèng Kaligondhang barise | Tumênggung Kudanawarsa | lan Suramangunjaya | kang baris Sêcang amungsuh | lawan Tumênggung Môndraka ||

28. Singaranu miwah malih | Wiradigda Jaulatan | ing Tigawanu mungsuhe | Dipati Suryanagara | Pangran Natakusuma | ing sabên dina prangipun | bêburon gênti kasoran ||

29. Pangran Mangkunagarèki | baris wontên Pajagalan | pra mantri Mataram kabèh | ngumpul anèng Pajagalan | liya ingkang pangarsa | Kaligondhang barisipun | Tumênggung Kudanawarsa ||

30. nanging kêrêp tampi tulis | Pangeran Mangkunagara | sangking Idêlèr Ondorop | sami kintun-kinintunan | ingipuk tur linopa | akathah pisungsunipun | idêlèr marang pangeran ||

31. idêlèr ngojok-ojoki | Pangeran Mangkunagara | pinrih umadêga katong | kacèk apa lan kang rama | dene prakosaning prang | Kumpni ingkang têtulung | akathah pangipukira ||

32. pangeran batin kagimir | nanging ajrih kawêntara | mung lagi binatin bae | ing tyas maksih karêkuhan | tari Kudanawarsa | sakalangkung datan rêmbug | ing karsa kang sapunika ||

33. manawi datan sayêkti | ngabên-abêni kewala | amrih karusakan kabèh | wong Jawa gagêmpurana | ajana kawarasan | ya ta wau karsanipun | Pangeran Mangkunagara ||

34. tan arsa piningit malih | lumuh yèn kuwangurana | lingsêm yèn kawêntar akèh | dadya parentah anglarag | kang baris Kaligondhang | kinèn angalèra gupuh | Tarayêm pinarêkana ||

35. dadya lami pacak baris | pangeran nèng Pajagalan | anyaut Pajang pakolèh | Kêdhung miwah ing Mataram | amung Pagêlèn têbah | kang botên kêni sinaut | tiwas Pangran Purubaya ||

--- 42 ---

36. mangkana kawarna malih | Pangran Arya Purubaya | Pangran Mangkukusumane | lan Sultan Tubagus Buwang | badhe angantêp yuda | budhal mring Pagêlèn mangsuk | tan mirsa bantu kèh prapta ||

37. mêdal lèr pangeran malih | lampahira pinarapat | pra dipati kari kabèh | pangran kalih munggèng kanan | Sultan Bantên nèng dhadha | ing gêlar nêdya bêbingung | pangeran kalih wus prapta ||

38. ing Sumbiran kèndêl baris | pra dipati sangu toya | dènira pacak barise | Pagêlèn lèr kagegeran | mungsuh prapta bêbahak | Sultan Bantên barisipun | têngah dhusun Pamêlaran ||

39. Pangran Adiwijayèki | lan Tumênggung Mangkudirja | nèng Ngulakan sabalane | kang rayi sampun umangkat | pangeran kalih pisan | kang rayi ing Bantên tumut | magut prang Pagêlèn ômba ||

40. Tumênggung Mangkudirjèki | ingkang kinèn anusula | mring Pagêlèn sabalane | Jêng Sultan Tubagus Buwang | kang kinèn ngampingana | budhal kuda tigang atus | Ki Tumênggung Mangkudirja ||

41. kawan atus dharatnèki | lampahira sigra-sigra | nèng Mêlaran pawartane | jinujul praptèng Mêlaran | Tumênggung Mangkudirja | lan Sultan ing Bantên tangguh | Mangkudirja nèng Mêlaran ||

42. umatur saha wotsari | Ki Tumênggung Mangkudirja | anggèr kawula kinèngkèn | dhatêng raka jêngandika | Pangran Adiwijaya | milane paduka purun | aprang saênggèn-ênggènnya ||

43. nadyan raka tuwan inggih | Pangran Arya Purubaya | pan inggih dene lêrêse | nguni ingkang pinarcayan | mring natèng Kabanaran | among paduka pukulun | mung Pangran Adiwijaya ||

44. sang prabu ing Pakungwati | alon dènira ngandika | puluh-puluh wis kalakon | iki kakang Mangkudirja | prajurit sun kèh rusak | ya Si Gêndhayatan iku | mati prang anèng Wawala ||

45. angling rajèng Pakungwati | kakang mas Adiwijaya | anèng ing ngêndi samêngko | Ki Tumênggung Mangkudirja | matur wontên Ngulakan | pakuwon tuwan puniku | ênggène raka paduka ||

46. angling Prabu Pakungwati | sira nora têmu lawan | kakang mas Purubayane | nging kasusu lakunira | pan lagi rêp-arêpan | antèkêna mêngko yèn wus | salamêt sabubaring prang ||

47. kunêng wuwusên Kumpni | kang baris Sêgaluh myarsa | wong desa bangêt gègère | Pagêlèn kang lor busêkan | mêngsah sami angrupak | Pangeran Purubayèku | sampun ngancik ing Sumbêran ||

48. sampun prapta anèng loji | Ki Tumênggung Arungbinang | samapta sagêgamane | miwah sagung pra dipatya | pasisir

--- 43 ---

wus anggabag | aglar prajuritiragung | Pamalang Barêbês Têgal ||

49. cinacah wadya pasisir | bupati ingkang sakawan | sèwu bêdhil sunapane | kalih èwu kang anumbak | wus sami pirêmbagan | Kapitan Bagrak sru muwus | hèh sudara Arungbinang ||

50. ing pundi mêngsah puniki | Ki Tumênggung Arungbinang | anyaosakên têlike | puniki têlik kawula | wau dalu duk prapta | Pangeran Purubayèku | sampun ngancik ing Sumbêran ||

51. wontên sèwu kang prajurit | punika prajurit kuda | kathah kang dharat balane | lawan kang rayi kewala | Pangran Mangkukusuma | pêngawat têngên puniku | dene pêngawate kanan ||

52. sakawan kang pra dipati | dene kang munggèng ing dhadha | Sultan Bantên sabalane | lawan punggawa satunggal | bêbantu lagi prapta | wingi prapta sangking Kêdhu | pun Tumênggung Mangkudirja ||

53. Kapitan Bagrak lingnyaris | kadipundi karsa dika | gih tinata mumpung mangke | sampun kapiran ing gêlar | kapok duk prang Wawala | wus kaledhon tinggal urus | kangelan tan antuk wirya ||

54. amanggung dèn uring-uring | mring sudara Arungbinang | Tumênggung Têgal lingnyalon | hèh bênêr puniku tuwan | Tumênggung Arungbinang | kang wruh ing boboting mungsuh | ngling Tumênggung Arungbinang ||

55. dika tuwan lawan mami | wontên ing pangawat kiwa | yèn sampun nyêlak mungsuhe | gih Pangeran Purubaya | Pangran Mangkukusuma | yya malang tumolih ngriku | dèn amêlêng ing ayuda ||

56. para tumênggung ing Têgil | papat Barêbês Pamalang | wontên ing dhadha ênggène | sampun angrawati liyan | Sultan Tubagus Buwang | pêlêngên ing prang puniku | dene bapak Gôndariya ||

57. wontêna pangawat kering | mungsuh kapat pra dipatya | ingkang kula kanthèkake | panèwu anumbakanyar | adhi Jayawikrama | kalawan mantri sapuluh | tigang atus kang turôngga ||

58. dene pra Dipati Têgil | gêbêngan kula kewala | ingkang kula kanthèkake | mung turôngga kalih bêlah | dene pangiridira | pun Martadipa puniku | lawan pun Martadipura ||

59. hèh poma Martadipèki | aja andhingini nabrang | ing kali Jangling campuhe | lan aja ngrawati ingwang | dèn mêlêng yudanira | Kapitan Bagrak amuwus | paran inggih saudara ||

60. para tumênggung ing Têgil | pênêde angajangana | Pangeran Purubayane | dene kula ngajangana | Sultan Tubagus Buwang | kyai tumênggung marêngut | sarya sru dènira ngucap ||

61. lah

--- 44 ---

tuwan dèrèng mangarti | kalamun sipat wong Jawa | tikêla sèwu balane | tandhing lan para pangeran | tuwan pan botên makan | wong mungsuh bêndaranipun | pasthi ulap sarta mêkak ||

62. Tumênggung Têgal nambungi | kumroyok katiga pisan | tuwan puniku pasthine | beda Tuwan Arungbinang | kang sampun antuk lila | kang duwe darah puniku | ngurdèni sudara dika ||

63. wong pasisir ngiring-iring | maring Kumpni kewala | bêbutuhan yèn kapêngkok | puniku wanine uwas | kèndêl Kapitan Bagrak | wus anut pratikêlipun | mring Tumênggung Arungbinang ||

64. kang pirêmbag sampun dadi | sigra dènira têngara | tambur gumuruh wor bêndhe | kêndhang gong bèri sauran | samakta pra dipatya | anggawa dragundêr satus | lampahe Kapitan Bagrak ||

65. dragundêr sawidak kari | jalan kaki wolung dasa | ingkang kantun Luknan Bungsèt | wus budhal sagung gêgaman | sangking Sagaluh enjang | abra lir pawaka murub | gêrgut tan nêdya mundura ||


Babad. (kembali)
Babad.
karêksa. (kembali)
karêksa.
Semua kata: 'Kumpni' dibaca 'Kumpêni' untuk memenuhi guru wilangan dari dua suku kata menjadi tiga suku kata. (kembali)
Semua kata: 'Kumpni' dibaca 'Kumpêni' untuk memenuhi guru wilangan dari dua suku kata menjadi tiga suku kata.
kapenak. (kembali)
kapenak.
Kurang empat suku kata: ambaranang lir ardi pawaka. (kembali)
Kurang empat suku kata: ambaranang lir ardi pawaka.
kamandaka (dan di tempat lain). (kembali)
kamandaka (dan di tempat lain).
pribadi. (kembali)
pribadi.
gugup. (kembali)
gugup.
pamatah. (kembali)
pamatah.
10 Sengkalan: liman sapta ngrasa tunggal (1 Sura 1678 A.J., 8 November 1752 A.D.). (kembali)
Sengkalan: liman sapta ngrasa tunggal (1 Sura 1678 A.J., 8 November 1752 A.D.).
11 ywa (dan di tempat lain). (kembali)
ywa (dan di tempat lain).
12 lutnan (dan di tempat lain). (kembali)
lutnan (dan di tempat lain).
13 Kêndhayatan (dan di tempat lain). (kembali)
Kêndhayatan (dan di tempat lain).
14 Kurang satu suku kata: gêni paran puniku tuwan tumênggung. (kembali)
Kurang satu suku kata: gêni paran puniku tuwan tumênggung.
15 tinarajang. (kembali)
tinarajang.
16 Kurang satu suku kata: angamuka lêbugêni. (kembali)
Kurang satu suku kata: angamuka lêbugêni.