Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 11–20)

Judul
Sambungan
1. Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 01–10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
2. Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 11–20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
3. Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 21–31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Giyanti.
Citra
Terakhir diubah: 07-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

11. Durma

1. kawuwusa sira Pangeran Purbaya | kalawan ingkang rayi | pacalang tur piksa | yèn mêngsah badhe prapta | pangeran têngara aglis | kumrab kang wadya | nêdya ngantêp ing jurit ||

2. pangawate myang dhadha sami miyarsa | yèn mêngsah andhatêngi | pan amaju tiga | wus sami ingajangan | Pangeran Purubayèki | sangking Sumbêran | amèt papan prayogi ||

3. ing Garantung dènira atata bala | prajurit kang turanggi | munggèng ngarsa têbah | Carat kang tinindhihan | Kapitan Bagrak wus prapti | miwah ing wadya | para Tumênggung Têgil ||

4. pênganane pun Kapitan Găndariya | Kapitan Bagrak aglis | sigra nêmpuh nunjang | Pangeran Purubaya | gagah sakêdhap nadhahi | ngêdrèl sapisan | kuwur wadyani[1] ngisis ||

5. kawur-kawur pangerane kuthetheran | wau gêgaman Têgil | dupi anarajang | campuh ramening yuda | sang prabu ing Pakungwati | samyambêg pêjah | kotbuta ngowak-awik ||

6. anglawani Ki Tumênggung Mangkudirja | gubêd sawadyanèki | anyabêt ing kanan | nunjang ngilês turăngga | wong Têgal akèh kang kanin | barise bubrah | kawur akowar-kawir ||

7. pangawate sêmpal ingkang dhadha tadhah | dhokoh ing prang anindhih | wong Têgal kapranggal | punggêl gagal kèh gigal | wadya tumênggungan sami | gagahi tadhah | wong Bantên angêbyuki ||

8. kalih bêlah wong Bantên mangamuk duta | aran wong Saralathi | wadya tumênggungan | sayah

--- 45 ---

wus karepotan | Kapitan Găndariyèki | rame prangira | lan kapat pra dipati ||

9. anduk dinuk ingungkih pan kinakahan | mawur ingamuk ngisis | ngamuk yudanira | Kapitan Găndariya | Kapitan Bagrak angungsir | marang pangeran | sumyur tan măngga pulih ||

10. dèn kêkinthil binêdhilan saparannya | Sang Prabu Pakungwati | asru aturira | Tumênggung Mangkudirja | anggèr suwawi gumingsir | ingkang pangawat | wus gêmpal kanan kering ||

11. raka tuwan Pangran Arya Purubaya | palajênge wus têbih | sigra sultan mudha | suwarèng balanira | wong Bantên undure ririh | Ki Mangkudirja | rumêksèng anèng wuri ||

12. Panêmbahan Tapa wus dangu prangira | nindhihi pra dipati | amor yudanira | mungsuh lan Găndariya | tan wruh yèn sultan wus têbih | palajêngira | Ki Tapa kang anunggil ||

13. Cakrajaya angliwêr pangrasanira | gusti durung kajudhi | mila taksih kêkah | Tumênggung Cakrajaya | lan Ki Tapa tarung malih | Kyai Rungbinang | maring kapitan angling ||

14. tuwan wingking punika wontên sanjata | parandene wus têbih | inggih palajêngnya | Pangeran Purubaya | miwah Sultan Bantên têbih | dawêg anabrang | sintên puniki jurit ||

15. nabrang ngalèr ki tumênggung lan kapitan | prapta salèring kali | majêng ngilèn samya | Ki Tapa dènira prang | maksih ngajêng ngidul sami | mungsuh Kapitan | Găndariya jêngnèki ||

16. majêng ngalèr rame dènnya prang Ki Tapa | sangking wetan ginitik | mring Kapitan Bagrak | lan Tumênggung Rungbinang | kagum samya gêbyur kali | anunjang mêngsah | Găndariya nadhahi ||

17. ting karambang sangking pinggir binêdhilan | pati-pati tumbaki | langkung karisakan | Ki Cakrajaya lawan | Ki Tapa rowangirèki | akèh kang pêjah | miwah kang sami kanin ||

18. pan kasaput ing dalu luwar kang aprang | Ki Tapa bêngi-bêngi | maksih talusupan | lêlampah ing padesan | ana baris kèndêl sami | kagyat Ki Tapa | mungsuh panarkanèki ||

19. dangu-dangu anon wong Bantên syaranya | Ki Tapa marêpêki | nyata rowangira | wus manjing pasanggrahan | mung lêlima rowangnèki | datanpa kuda | prapta lajêng anangis ||

20. yudanira anindhihi Cakrajaya | pisah sarêng malêncing | wong Pagêlèn edan | gêtas têmên ing aprang | tobat tan pantês kinanthi | dawêg amisah | sultan alon nauri ||

21. gih puniki kakang mas Adiwijaya | nèng Ngulakan anganti | nimbali ing kula | si kakang Mangkudirja | milane wau duk jurit | mungsuh wong Têgal | wong Pagêlèn sawiji ||

22. nora nana iya kang milu maringwang | mung kang

--- 46 ---

Mangkudirjèki | ugul[2] yudaningwang | wong Têgal kèh kabranan | sadalu ngungun ing pikir | wuwusên enjang | budhal angetan sami ||

23. mring Ngulakan prapta panggih lan kang raka | Pangran Diwijayèki | sami rêrangkulan | yayi mas karsaningwang | yèn adhi maksih anunggil | lan raka para | dhimas Purubayèki ||

24. tanpa wêkas lan dede kang sinêcahan | mratikêlakên nguni | ênggèh yayi reyang | wêlingi raka dika | sang nata pan amung mami | ngundhagènana | satingkahing ajurit ||

25. puniki ta wontên kang saguh tumuta | bêdhah Toyamas gampil | kalawan paekan | lawan Si Mangkudirja | ingkang dipun bêbotohi | lan yayi sira | ing prang amratikêli ||

26. nora dene prakosa bêdhah nagara | yèn bênêr pikirnèki | mungsuh tikêl kalah | mêngkono bisa reka | anging kang tinêdha adhi | yèn kalakona | bêdhah Toyamas adhi ||

27. mung wong sèwu ing Pamrêdèn lan ing Banjar | mêngko wus sun lilani | yayi lêstaria | besuk ing karsanira | mêngko Si Suradipèki | wus ingsun pacak | iya nama bupati ||

28. sun arani Tumênggung Suradilaga | rongatus sun sangoni | bumi gowong iya | rêmbug lan Mangkudirja | iki sagung pra dipati | nèng Kêdhu samya | anggung kasoran jurit ||

29. langkung eca tyasira myarsa wacana | Sang Prabu Pakungwati | mingsêr barisira | mring Langon Kilènpraga | Pangran Adiwijayèki | lagya pirêmbag | lan Prabu Pakungwati ||

30. Pangran Purubaya wangsul barisira | marang kadêmèn malih | Pagêlèn wus eca | mungsuh sami anêbah | kunêng Kêdhu kang winarni | para dipatya | prajurit ing Mantawis ||

31. Adipati Suryanagara minăngka | pangirit senapati | kalawan Pangeran | Arya Natakusuma | akathah kang pra dipati | ing sapunika | tinutup ing Kumpêni ||

32. Mayor Pèbêr lan pan Dêr Pol kang lumampah | Sungrat lan Kulman sami | rame katadhahan | prangira nèng tareka | Pangran Natakusumèki | sêntananira | têtiga kang ngêmasi ||

33. kadangipun Tumênggung Măndraka pêjah | pun Măndradiranèki | miwah prajuritnya | Radèn Suryanagara | kalih pêjah pitu kanin | Kumpêni pêthak | sawêlas kang ngêmasi ||

34. Bugis Bali wontên tigang dasa pêjah | Kumpêninipun Trai | êpur yudanira | pan sami rêmpunira | langkung ramening ajurit | pambujungira | sagung kang pra dipati ||

35. pangêsuke kongsi mèh prapta ing Sêcang | pabarisan Kumpêni | lajêng pirêmbagan | sagung kang pra dipatya | dene wadining Kumpêni | bêbantunira | kang prapta wanti-wanti ||

36. rêmbag sami tur uninga mring Mataram | nênggih mring senapati | Pangran Adipatya | Mangkunagara gènnya | ing Pajagalan [Paja...]

--- 47 ---

[...galan] Matawis | mangkya gènira | majêng barise malih ||

37. Têgal Bayêm sakidulipun Tangkilan | dadya rêmbage sami | dhatêng ing Mataram | benjang nadyan mangsaha | sangking kidul rêmbag sami | tilar punggawa | nèng Kêdhu mung kêkalih ||

38. Singaranu lan Tumênggung Sindugalba | mantri kang dèn kathahi | mantri kalih dasa | jaga ngriwuk kewala | jêbul kanan jêbul kering | jêbul ing ngarsa | miwah jêbul ing wuri ||

39. sampun dadya kang rêmbag dalu angkatnya | kang nêdya mring Matawis | nênggih Pangran Arya | Natakusuma lawan | Dipati Suryanagari | Tumênggung Mănda- | raka Wiradigdèki ||

40. Ki Tumênggung Jagalatan Pusparana | praptanirèng Matawis | pacak baris samya | nèng Jamus Pakangkungan | ngajêngkên baris Kumpêni | Trayêm pangarsa | Kumpêni duk miyarsi ||

41. nênggih lamun Dipati Suryanagara | lan sakancanirèki | sami mring Mataram | Pangran Natakusuma | miwah sagung pra dipati | Kumpêni sigra | majêng barisirèki ||

42. dhusun Panggondhangan[3] sampun jêng-ajêngan | lan Suryanagarèki | sigra tur wuninga | ing Pangran Adipatya | Mangkunagara bantoni | Kudanawarsa | wus campuh ing ajurit ||

43. apan mêksa kasoran kang pra dipatya | gênge baris Kumpêni | pun Kapitan Sungrat | pan Drê Pol lawan Luknan | Kulman Sakèbêr gêdhugi | atur wuninga | marang pangeran malih ||

44. lamun Suryanagara Kudanawarsa | lan sagung pra dipati | tuwin ingkang paman | Pangran Natakusuma | lami kasoran ing jurit | langkung gêngira | inggih baris Kumpêni ||

45. sigra Pangran Dipati Mangkunagara | têngara budhal aglis | arsa anggêcêka | kang baris Pagondhangan | gumrêgut wadyanirèki | ing Jamus prapta | panggih lan pra dipati ||

46. wau Pangran Dipati Mangkunagara | parentah pra dipati | akarya pangawat | Paman Suryanagara | Măndraka Wiradigdèki | sira dadia | iya pangawat kering ||

47. paman Natakusuma Kudanawarsa | têngên kang sira goni | sigra parêng mangsah | baris Kumpêni mêdal | sigra campuh ing ajurit | dhadha pangawat | rame bêdhil-binêdhil ||

48. wadya măncanagara kinèn malawang | bêdhahing kanan kering | Tumênggung Kaduwang | Magêtan Jagaraga | Balora lan Pranaragi | ewon turăngga | kang dhadha ngangsêg sami ||

49. ya ta Pangran Dipati Mangkunagara | anrêgakên prajurit | Kumpêni tumingal | mungsuhe langkung kathah | bubar kang bala Kumpêni | mundur atata | lajêng sinêrot wani ||

50. kuthetheran Kumpêni palajêngira | pondhoke dèn obongi | Pagondhangan sirna | ngumpul [ngumpu...]

--- 48 ---

[...l] Tarayêm nulya | Pangran Mangkunagarèki | lan pra dipatya | mundur mring Jamus malih ||

51. pêparentah Pangeran Mangkunagara | mring sagung pra dipati | padha ngriwukana | sakiwa têngênira | kang pêdhak baris Kumpêni | rusakên padha | dimèkne yya kuwawi ||

52. angulari iya panganing Walănda | sandika pra dipati | Pangeran Dipatya | Mangkunagara budhal | wangsul Têgal Bayêm malih | prapta anulya | kang paman dèn aturi ||

53. Pangran Adiwijaya Langon barisnya | lan Prabu Pakungwati | lagya pirêmbagan | Tumênggung Mangkudirja | kalawan tumênggung malih | Suradilaga | ingkang kinèn rumiyin ||

54. angumpulna tata-tata prajuritnya | yèn wus samêkta sami | nuli utusana | iya bocah sausap | ingsun budhal lan si adhi | kalih punggawa | budhalira dhingini ||

55. nulya prapta wau dutane kang putra | kang rama dèn aturi | sokur lamun lêga | malah kang ingaturan | sang prabu ing Pakungwati | nanging tan lêga | èwêt manawi salin ||

56. kang pinikir sampun kêncêng pikirira | mukul Banyumas malih | dadya mung kang raka | Pangran Adiwijaya | ing Têgal Bayêm wus prapti | panggih kang putra | kang putra angujungi ||

57. wusnya tata dènnya sami pilênggahan | kang ngadhêp dèn tundhungi | mung pangulunira | lawan Kudanawarsa | kang kinèn angadhêp sami | sigra pangeran | lair sarkaranèki ||

12. Dhandhanggula

1. matarèkakên ing paman nênggih | Pangran Dipati Mangkunagara | malik ing tingal karsane | mungsuh ing rama prabu | rêbut bêja ing tanah Jawi | Pangran Adiwijaya | wau duk angrungu | sidhakêp astapirolah | pikir apa iya kang mangkene iki | dene liwat nglêngkara ||

2. nora patut babo anak mami | pan dhèwèke kawilang prawira | kalok ing jagat wiryane | ing aprang sudibyanung | yèn jêbula pikir nyêkuthis | kalok rêbut cakotan | saru yèn rinungu | duraka wani wong tuwa | nadyan padha wong tuwa ramanirèki | kang sumare Lawiyan ||

3. durung ambêciki ing sirèki | iki iya padha ramanira | mring sira akèh bêcike | wus kêrêp atêtulung | lamun sira kasoran jurit | kinukup dinandanan | lamun sira rêmpu | ingulih-ulih kalakyan | ingulihkên malih mring bawahirèki | pinikul ingawakan ||

4. dèn andhêmi praptèng baya pati | babo nyawa apa walêsira | wong tuwamu apan akèh | dene mung siji iku | kang anyangkul ing baya pati | kang putra lon [lo...]

--- 49 ---

[...n] turira | paman kang puniku | sami ugi lan kawula | yèn kinarya manggala inggih ngandhêmi | rêmak dipun bandhêmna ||

5. ujêr rayi sampeyan pribadi | kasangêtên anggêga pun răngga | kang tinut sapanggawene | kang paman asru muwus | reyang iki durung mênangi | kalamun adhi răngga | duwe atur dudu | wus lawas reyang kêkancan | aja sira nganggêp atur tan sayêkti | wong ala amrih bubrah ||

6. kang kelangan mung sira pribadi | iya amung lawan pamanira | ing tanah Jawa rusake | karana roro iku | kang têtela bisa nglakoni | amikul tanah Jawa | karsaning Hyang Agung | dene kang akèh kang padha | andhêdhumpil amèk waris ing sirèki | lan maring rama para ||

7. pituture anglir toya mili | Pangran Adiwijaya mring putra | Pangran Mangkunagarane | kang putra sêmunipun | datan keguh saengga wukir | kêna ngangin ukuran | tan măntra ing sêmu | yèn tabêtkên nèng maruta | dadya bantu Pangran Adiwijayèki | lir kanin kêni gotra ||

8. kadang lawan kaponakan sami | tyasnya kadi kasêsêlan arga | nênggak kumêmbêng waspane | tan pamit unduripun | lajêng budhal sawadyanèki | Pangran Adiwijaya | karsane anusul | mring kang rayi asêmaya | angantosi sang rajèng Mangkarawati | Pangran Mangkunagara ||

9. panyanane kang paman duk mijil | mundur marang pakuwon kewala | tan dipe lajêng budhale | dadya kinèn anusul | Jagalatan ingkang tinuding | lampahe sêsandêran | nèng marga kasusul | umatur Jagaulatan | kathah-kathah pangandikanira aris | Pangran Adiwijaya ||

10. Jagalatan umatura aris | iya marang ing bêndaranira | lamun mangkono karsane | ingsun tan bisa ngrungu | angur adoh wak ingsun iki | nora kagawa-gawa | iya ngalèr ngidul | Pangeran Adiwijaya | datan kêna ingaturan wangsul malih | lajêng sabalanira ||

11. Jagalatan datan antuk kardi | ingkang paman tan purun wangsula | wus lajêng lan sabalane | ingkang rayi kasusul | sang aprabu ing Pakungwati | nèng dhusun Pagadhingan | dènira kasusul | sami lajêng lampahira | marang Gowong nungkak kang punggawa kalih | kang kinèn kumpul bala ||

12. Ki Tumênggung Mangkudirja nênggih | lawan Tumênggung Suradilaga | wau wong agung kalihe | kèndêl ing lampahipun | Kaliabo ing sawadyèki | pan lajêng masanggrahan | wadya sami cucul | tan atêbih ênggènira | Sultan Bantên lan kang raka mung lêt kêdhik | satêngah dhusun Wangan ||

13. salèr Wangan kang dèn pasanggrahi | wau Pangeran Adiwijaya | Sultan [Sulta...]

--- 50 ---

[...n] Bantên ing kidule | Pangran Diwijayèku | lajêng siram dhatêng ing kali | lèpèn agêng lèr desa | ing jêjurang punthuk | margi sangking lèr punika | kawuwusa bala Kumpêni sakenjing | lêlampahan anglarag ||

14. Singaranu ingkang dèn parani | nanging amung manggihi sakêdhap | angical Singaranune | Kumpêni nêdya wangsul | Luknan Kulman ingkang nindhihi | dragundêr tigang dasa | Bugis lawan Wangsul | sadaya mung kalih bêlah | wonge Jawa kalih atus winitawis | mantrine mung lêlima ||

15. Kumpênislam mung Kapitan Trai | anèng marga Mênorèh kapapag | kaki-kaki sangking kilèn | ngênthir palayunipun | dèn adhangi mring para mantri | kaki sira mandhêga | pagene lumayu | kaki tuwa saurira | Kaliabo kula punika angili | wisma kula kabrokan ||

16. ing Pangeran Adiwijayèki | inggih prapta sangking wetan lawan | sultan ing Bantên sarênge | upêsir sami ngrubung | apa akèh bature kaki | ature botên kathah | wontên tigang atus | balanipun kang akathah | wontên Gowong Kulman lan Kapitan Troi | arêmbag pinurugan ||

17. nanging cêdhêp[4] sampun ta katawis | nadyan mukul têtambur yèn nyêlak | yèn sampun katon mungsuhe | sigra ngilèn wadyagung | pan adhêdhêp lampahirèki | wontên kacèt[5] satunggal | magang têgêsipun | gêng inggil Walandinira | kang anêmên wontên ing ngarsa pribadi | lampah Kumpêni prapta ||

18. dhun-udhunan gok-enggokan margi | katon anjirap wong angon jaran | Kumpêni anambur age | umyang surak gumuruh | dragundêre garudug bêdhil | gègère abusêkan | kuwur kawur-kawur | pangeran kasusu mêntas | reyab-reyab lan bok ajêng Găndasari | Kumpêni tan wuninga ||

19. pan angawur dènira bêdhili | sipat katon dèn bêdhil kewala | gamêle amapagake | pangeran kudanipun | ri saksana sampun anitih | mundhut waos tan ana | wurung arsa ngamuk | arsa nyandêrakên kuda | sêliripun anjêlih bok Găndasari | sambat-sambat pangeran ||

20. Luknan Kulman lan kadhèt miyarsi | Walănda magang anarik pêdhang | sinogok jăngga iringe | yèn angarsakna laju | kadi botên dipun tututi | pijêr akuthêkêran | nganti sêliripun | arsa binoncèngkên kuda | sigra kadhèt lan tambur sami mêdhangi | sayah pangeran rêbah ||

21. prapta Tulung rajèng Pakungwati | nêmpuh angamuk kuda sadasa | wontên salawe dharate | anunjang ngamuk punggung |

--- 51 ---

tinadhahan Kapitan Troi | wantu sampun kapapan | ngamuk tan pakantuk | prajurite mati papat | Sultan Bantên undure dipun bêdhili | bênggang mring kidul desa ||

22. sangkin kathah prajurit kang rakit | wontên sèkêt kang sampun samêkta | amor Sultan Bantên age | tambur banderanipun | Sultan Bantên ingkang nindhihi | nging maksa katadhahan | kari tatanipun | Walandi kadhèt kang magang | ingkang mocok utamangganing prajurit | Pangran Adiwijaya ||

23. lajêng bubar kang bala Kumpêni | nuju mayor sangking Sêcang prapta | mring Tarayêm sabalane | Luknan Kulman kasusu | dèn kêkinthil marang kang abdi | Pangran Adiwijaya | lan ki rayi wau | pan Sultan Tubagus Buwang | kêdah ngamuk angrêbat datan pakolih | kêdhik sampun kapapan ||

24. sapraptane sabrangan Paragi | kang nututi wus wangsul sada |[6] Sultan Tubagus Buwange | Kulman lan Troi sampun | lampahira Tarayêm prapti | katur satingkahira | duk wau prangipun | lan Pangran Adiwijaya | anèng Kaliabo kapupu ing jurit | lawan sêlir kabandhang ||

25. Mayor Pèbêr undhang pra dipati | samya prapta tumênggung sadaya | Tumênggung Wiradigdane | myang Surajênggalèku | miwah wau Ki Rajaniti | mustaka munggèng talam | wontên ing bêbangku | sami kinèn mariksaa | punapinggih antuke Kulman puniki | Pangran Adiwijaya ||

26. rurub sinjang pêthak dèn ungkabi | sarêng jêtung marêbêl kang waspa | Tumênggung Wiradigdane | sarwi asênggruk-sênggruk | duk tumingal Ki Rajaniti | miwah Malang nagara | Surajênggalèku | pra dipati pan sadaya | rawat waspa asêrêt saurirèki | inggih yêktos pangeran ||

27. Mayor Pèbêr sigra mundhut mantri | kintun sêrat marang ing Samarang | dragundêr rolas lampahe | lawan mantri pêpitu | kuda sèkêt ingkang lumaris | angatêr lampahira | mustakanirèku | praptane nagri Samarang | wus tinampan tinulak dutanirèki | mantuk bêkta parentah ||

28. Dyan Sakèbêr carakane manggil | Kapitan Bagrak lan Arungbinang | kang abaris ing Pagêlèn | sami prapta ing Kêdhu | duta sangking Samarang prapti | lamun ta Luknan Kulman | punika jinunjung | nênggih anama kapitan | lawan kadhèt Walandi magang kinardi | kurnèt sami sakala ||

29. Kumpêninira Kapitan Troi | koprale sami minggah sarean | sarean minggah alpèrès | pawarta wus misuwur | Adipati Suryanagari | angaturi wuninga | lamun sedanipun | Pangeran Adiwijaya | prang ing Kaliabo

--- 52 ---

kapupu ing jurit | carakanira prapta ||

30. mring Pangeran Mangkunagarèki | duk miyarsa sigra gya têngara | samêkta budhal barise | majêng amor panganjur | ing Tarayêm arsa ginitik | nanging kathah kang malang | pangran langkung bêndu | kapupune ingkang paman | lir taksaka molah pinidak kang pêthit | dene kang pra dipatya ||

31. milanipun sami dèn aturi | ing Tarayêm lagya pakumpulan | Kapitan Bagrak Pagêlèn | lan Arungbinangipun | lan akathah bêkta prajurit | wadyanira Pangeran | Mangkunagarèku | parentah anglèncèrana | mring Tarayêm Suryanagara Dipati | pangiriting gêgaman ||

32. ing Tarayêm sami ngati-ati | mungsuh katingal ewon kudanya | sami maliwat lampahe | wau ta kang winuwus | Pangran Arya Purubayèki | miyarsa yèn kang raka | ing aprang kasambut | langkung sungkawèng wardaya | sêdhih kingkin barise wus mundur malih | marang wetan Paraga ||

33. wus arêmbag dènnya karya tulis | Pangran Dipati Mangkunagara | atur wuninga badhene | mring kang rama sang prabu | ingkang wontên măncanagari | mantri Suryanagaran | sakawan tinuduh | kunêng malih kawuwusa | ingkang lagya angradin măncanagari | sang natèng Kabanaran ||

34. sampun tumindak sri narapati | èstu nêdhaki mring Surabaya | mêdal ing Jipang badhene | inggih sakidulipun | Pandhantoya kang dèn margani | dènira masanggrahan | anèng Pandhanbanyu | margi èwêt măngsa jawah | mila rubêt ing lampah rêmbag sayêkti | anèng ing tanah Jipang ||

35. dutanira Pangran Singasari | prapta ngaturkên pranakan Jipang | anak putu Mataune | têtiga ingkang sêpuh | Natapura lan Kartasari | katiga Jayèngrana | ing sakaturipun | apan sampun tinarima | pinarapat ing Jipang ingkang nyêpuhi | Tumênggung Natapura ||

36. wolung èwu ing Jipang nagari | Natapura ingkang dadi tuwa | lungguh patang èwu dhewe | kêkalih arinipun | Jayèngrana lan Kartasari | sami angalih bêlah | kalih bêlah èwu | sèwu pinundhut sang nata | salamine dadya tumênggung amiji | pun Suradimanggala ||

37. duk maksihe anèng Sokawati | pun Tumênggung Suradimanggala | sampun dadi punggawane | dene kang pitung èwu | tinanêman punggawa katri | sami sakadangira | anaking Mataun | bupati ingkang têtiga | pinaringkên dhatêng ingkang rayi malih | Pangeran Singasêkar ||

38. anèng Tuban Pangran Singasari | mila datan asowan kang raka | dènnya andina prang rame | lan Tumênggung Sidayu |

--- 53 ---

mungsuh malih Petor Garêsik | ing Lasêm ing Lamongan | kang sampun anungkul | wus akathah balanira | miwah sagung pacotan mantri pasisir | suwita ing pangeran ||

39. ing nalika wontên Pandhanwarih | nênggih wau kapatèn punggawa | Pangran Mangkudipurane | dipati ing Madiun | sri narendra gupuh nêdhaki | marang pakuwonira | Pangeran Madiun | kalangkung pangungunira | ingantukkên pinêtak Madiun nunggil | ing kaki buyut canggah ||

40. ya ta wau parentah sang aji | marang Dipati Wiranagara | kinèn dhingini budhale | sangking ing Pandhanbanyu | ngidul ngetan lampahirèki | anjog ing Wirasaba | wong Jipang kang tuduh | mantri sakawan wangsula | yèn wus nabrang wus anjog Wirasabèki | budhal sawadyanira ||

41. lan Dipati Cêbolang tinuding | dadya pangarsa sawadyanira | mungsuh wus cêlak ênggène | prajurit Surèngkewuh | ingkang sami atêngga tamping | wontên dhusun ing Tambar | dêdamêle sèwu | nging mantri desa kewala | pacak baris Kandhuruan Kabulêngkir | kang baris anèng Tambar ||

42. nata budhal sangking Pandhanwarih | Dêmang Sokawati kang sadasa | nênggih satus kapalane | winor munggèng ing ngayun | akanthia wong Surawèsthi | Dêmang Gogangdhalungan | lan Sokajêngkilung | Tambaktanèwung kalawan | Dêmang Mungkung Rajêgwêsi Gondhangrawing | tate angrusak jagang ||

43. sangking Pandhantoya mung sawêngi | masanggrahan natèng Kabanaran | nuntên budhale enjinge | panganjur wus acampuh | lan prajurit ing Surawèsthi | wanci pukul sawêlas | para dêmang muwus | marang Dipati Cêbolang | ki dipati prajurit ing Surawèsthi | sampun wontên ing ngarsa ||

44. sami sampeyan kèn wontên wingking | campuhing prang suraka kewala | Dipati Cêbolang linge | kakang Sokajêngkilung | miwah bapa ing Gondhangrawing | kula kang botên tega | bilih wontên mungsuh | adate wong Surabaya | para dêmang sadaya sami nauri | sanadyan mangkatêna ||

45. ki dipati sampun walanggalih | apan sampun pandamêlan kula | Cêbolang asru wuwuse | bêdhile têlung atus | Kandhuruan ing Kabulêngkir | angling kang para dêmang | nadyan bêdhil sèwu | sagsana[7] barise mapag | Ki Cêbolang balane ngêtêbi wuri | mungsuh wawas-winawas ||

46. para dêmang atêngara bèri | lajêng kukuk sarêng nabêt kuda | nandêr pati patêmpuhe | binêdhilan gumrudug | misih nêmpuh ngilês turanggi | kagum wong

--- 54 ---

Surabaya | bubar kawur-kawur | malêdug kathah kang pêjah | sami ngungun Cêbolang prajuritnya ngling | mangkene tangkêpnya prang ||

47. tan angrasa mungsuh manusèki | kaya amungsuh sato kewala | bêrêg kidang manjangane | sami suka gumuyu | Kandhuruan ing Kabulêngkir | bature kang kacandhak | mati kang pêpitu | barise gêrus agiras | arsa ngêsuk para Dêmang Sokawati | nging Dipati Cêbolang ||

48. kèndêla sampun angungsir malih | apan èwêt ing ngajêng punika | kawit arupak papane | mung ngriki kang apatut | kang dadosa kanggenan baris | pasanggrahan sang nata | amot ing wadyagung | kèndêl ngaturi wuninga | wadya Surabaya wus samya angrakit | kang badhe pasanggrahan ||

49. wisma dêmang dhusun agêng asri | atusan kali ngubêngi wisma | sami joglo gêdhe-gêdhe | sadaya wismanipun | dêmang ngêbyok pagêre bumi | kang jaga sêsaosan | pasanggrahan prabu | sarawuhira sang nata | saha bala ing Tambar dèn pakuwoni | sagung dadya pangarsa ||

50. atur sirah pêpitu kang kêni | Ki Dipati Cêbolang ngandikan | tinanggap ing saature | Cêbolang paran mau | bocah ngarêp dènnya ajurit | Cêbolang matur nêmbah | pan sarwi gumuyu | pukulun abdi paduka | ngeramakên Jangrana aturirèki | kadya ambêrêg sangsam ||

51. datan măntra mêngsah manusèki | kadya amêngsah sato kewala | tan wontên mutawatire | sami suka gumuyu | ingkang wontên ngarsa nrêpati | sang nata angandika | wus watêke iku | yèn amungsuh padha Jawa | pêngrasane kaya andulu cêcindhil | kaya gitik kaluwak ||

13. Pocung

1. sang aprabu alon pangandikanipun | iya kari pira | kutha ing Surabayèki | inggih kantun sadalu margi kewala ||

2. wadyanipun pangarsa sadayanipun | kinèn ngêlar-êlar | jajahan ing Surawèsthi | kanthi lawan wonge Dipati Cêbolang ||

3. langkung gugup caraka kadya sêsulung | kang maring Samarang | nêdha bantu kang prajurit | Mangkubumi dhêsak nagri Surabaya ||

4. ya ta wau langkung sungkawa gupêrnur | cipta katiwasan | yèn bêdhaha Surawèsthi | nora wurung pasisir kerut sadaya ||

5. sakèhipun loji-loji sadaya wus | kinèn urunana | bêbantu mring Surawèsthi | kantor-kantor kang sami tunggu dagangan ||

--- 55 ---

6. kêna urun bantu mring Surabayèku | Mandar Bandhan Banjar | Sumênêp Sêmbawa prapti | sami tugur ing nagari Surabaya ||

7. kumpulipun Kumpênine putih sèwu | Bali Bugisira | kalih èwu bêcik-bêcik | Madurane kang tugur langkung salêksa ||

8. kriganipun wong Sumênêp tigang èwu | dêlèr wus putusan | mrasanak mring rajèng Bali | pan atumbas prajurit di tigang lêksa ||

9. panêdhane amung antuk kalih èwu | ingkang pêpilihan | tugur ing Surabayèki | Panêmbahan Cakraningrat kang kinarya ||

10. tindhihipun senapati ing prang pupuh | langkung pinasrahan | parentaha bali-bali | Cakraningrat ing tyas angguguk kewala ||

11. badhenipun wus rêmbag lan pra tumênggung | nênggih Surabaya | ingkang jaga ambeyani | angangsahna ing layange kamăndaka ||

12. wantu-wantu idêlèr dènnya kêkintun | marang panêmbahan | linopa pangrasanèki | nanging guguk lair batin panêmbahan ||

13. wus arêmbug lan Tumênggung Surèngkewuh | ing sakarsanira | panêmbahan tan gumingsir | anaosi prabeyane kamăndaka ||

14. reyalipun kewala kang patang èwu | cindhe satus kêmbar | ingkang warni sinjang kêling | lan sangkêlat sadaya pan tigang jodhang ||

15. waosipun talêmpak landheyan wêrgu | sadaya nêmbêlas | balongsong mas sopalnèki | anyatail êmas sami tuwa-tuwa ||

16. malihipun talêmpak landhoyanipun[8] | pèlèt kang timaha | wêwolu êmas kang manjing | nigang reyal mas rêgi bèh ro sadaya ||

17. pistulipun ingkang sêdhêng patang puluh | alus patang pasang | sinarasaha rêspati | pangidon mas lan kacu lopak-lopak mas ||

18. kudanipun sakêmbaran kore dhawuk | kathah cinatura | atur-atur pakêkirim | kang sinarêng lawan surat kamăndaka ||

19. dutanipun kêkalih wong Surèngkêwuh | Madura satunggal | andêl pun kuda prang langit | sigra mangkat mring Tambar katri caraka ||

20. munggèng ngayun bêras kêbo lawan lêmbu | kabiri lan menda | pêpanganane tan kari | saisine Madura lan Surabaya ||

21. praptanipun mas răngga ingkang jinujug | caraka turira | kula dutane kang rayi | Cakraningrat lan caraka Surapringga ||

22. ya ta gupuh duta ingirit lumêbu | gêgawane aglar | akathah awarni-warni | angêbêki jawi regol [rego...]

--- 56 ---

[...l] pasanggrahan ||

23. canthèl atur mas răngga ngandika mangsuk | prapta ngarsa nata | răngga matur awotsari | dutanipun rayi dalêm ing Madura ||

24. kanthènipun kalih duta Surèngkewuh | carakèng Madura | nama pun Kuda Pranglangit | Surapringga pun Ngabèi Suradirja ||

25. malihipun pun Dêmang Sirnabayèku | sang nata ngandika | iya timbalana aglis | răngga mêdal lêbête ngirit caraka ||

26. praptanipun ing ngarsanira sang prabu | carakèng Madura | sigra pun Kuda Pranglangit | sèlèh dhuwung mangsah ngaras padèng nata ||

27. sru gumuyu sang nata têtanya asru | sira salamêtan | wong iki kaping pat iki | Si Pranglangit bae sok ingkang dinuta ||

28. unduripun tan sinung doh lungguhipun | ngaturakên surat | tinampan angandikaris | hèh Pranglangit iki apa nganggo gêmak ||

29. nêmbah matur Pranglangit sarwi gumuyu | pukulun narendra | măngsa sandea gih pasthi | panuwune pêksi ing jêng padukendra ||

30. suratipun binuka sinukmèng kalbu | tur sêmbah kawula | katura ing padukaji | rayi dalêm pun Adipati Madura ||

31. kula nuhun ing karsa tuwan pukulun | têdhak wontên Tambar | arsa dhêsêg Surawèsthi | lah ta inggih pakantukipun punapa ||

32. pan pukulun kawêca prajurit punjul | tilara ukara | ing krama anglêbur niti | sakalangkung inggih pangowêl kawula ||

33. inggih lamun paduka prang tambung laku | apan jêng paduka | karsa ngradin tanah Jawi | atêtulung dhatêng ing manusa Jawa ||

34. arsa gêpuk suku nagri Surèngkewuh | wadhuk ing Samarang | sirah nagari Batawi | langkung nistha prang kawit pêthit ginêcak ||

35. sakalangkung kanisthan dalêm pukulun | lamun makatêna | paduka kalok ing bumi | yèn prajurit sudibya utamèng laga ||

36. lêrêsipun anggitika sirah wadhuk | Batawi Samarang | apan wong Jawa puniki | pra dipati taksih samya ngingu sadat ||

37. pasthinipun sadaya angayun-ayun | têrus kabatinan | mujèkakên padukaji | tinulusna dening Hyang Jalawangaja ||

38. wuwuhipun ing kaprajuritanipun | mugi ta sagêda | têtulung sêdhih ing dasih | prihatine wadya pasisir sadaya ||

39. lah pukulun punika pamujinipun | kang abdi sadaya | gêdhe cilik wong pasisir | wong mêngkono munduran arsa ginêcak ||

40. sampun tungkul batin cipta kang satuhu |

--- 57 ---

pamujining wadya | wajib paduka lawani | yèn tulusa ambêg umbul-umbul Kuran ||

41. tiwas rêmpu kalongan kelangan tuhu | lair batin tuna | buwang pamujining dasih | sapasisir padha lan wali wolulas ||

42. yèn pukulun anêtêpi kang satuhu | ambêdhah Sêmarang | bêdhah bêcik ora bêcik | sok si sampun pêdhot ing niyat kewala ||

43. sang aprabu duk miyarsa aturipun | kang rayi Madura | kang kawrat sajroning tulis | langkung lêrês kautaman kaluhuran ||

44. sêratipun kang munggèng wêkasanipun | nuwun kintun gêmak | lan angaturakên bêkti | prasêtyane pun Tumênggung Surabaya ||

45. kalihipun punika kang atur-atur | kados botên kirang | sangking salêksa pêngaji | kadyaparan yèn tuwan nutugna karsa ||

46. abdi sampun mêdal katêmênanipun | lamun rinusaka | ing tingkah ngudubilahi | botên arus pinanggih ing kadis kiyas ||

47. sampun lêsu niyat ilang sêrêngipun | lingsêm binanjurna | mèh dudu darahing aji | wong anêrak maring ujar kabêcikan ||

48. mung sadalu duta sinungan sul-angsul | pinangadêg samya | miwah krisami[9] pinaring | enjang pamit mantuk duta Surapringga ||

49. pêndhakipun enjing nimbali wadyagung | Dipati Cêbolang | lan sagung kang pra dipati | ing bang wetan dinangu sudaning udan ||

50. ing puniku rina wêngi jawah agung | nuju wulanira | Mulud Êje punang warsi | aturipun pun Adipati Cêbolang ||

51. inggih nuhun tangèh kantun kawan tèngsu | kados wulan Arwah | punika ngarang-arangi | yèn punika èstu tan kenging pinêrak ||

52. sang aprabu alon pangandikanipun | yèn mêngkono apa | iya enak dèn unduri | mêngkenea karya musakating bala ||

53. pakalinthuh akèh têmên kuda lampus | Dipati Cêbolang | tuwan ngarsakna ngèndêli | kang priyogi ing Madiun Pranaraga ||

54. liyanipun nagari botên kacakup | lah iya Cêbolang | mung roro iku kasaid | kanggonana sangking gunging wadyaningwang ||

55. rêmbagipun sampun dadi unduripun | dhatêng Pranaraga | nèng Tambar wus kalih sasi | dèrèng wontên mêndhane andina jawah ||

56. milanipun punggawa sami turipun | ngaturi mundura | dhatêng Pranaraga malih | nanging sami undhang sayaga kewala ||

57. pan kasaru wontên sêmpalan sinêndhu | punggawa satunggal | amanggih sêrik ing galih | ngandêlakên wong lawas bangêt sipipnya[10] ||

--- 58 ---

58. Ki Tumênggung Jipang nênggih namanipun | Suradimanggala | salamine murang-muring | lêlungguhe têka kèh kang lagi têka ||

59. namanipun Tumênggung Natapurèku | sakadange ika | ingkang dadi mungsuh mami | mêngko têluk têka antuk sawah kathah ||

60. jamakipun kang akèha sawah ingsun | dadya aputusan | mring ratu bibu[11] narpati | nuwun tulung umatur ing putra nata ||

61. sabinipun Natapura kawan èwu | sèwu kang dèn longa | wuwuhna lungguhirèki | rongèwu Tumênggung Suradimanggala ||

62. ya ta wau nênggih kanjêng ratu ibu | kacangkol tyasira | dene ingkang abdi lami | padha-padha punggawa milu bêbakal ||

63. Ki Tumênggung Suradimênggala iku | abagus agagah | tur prawira ing ajurit | dadya dhangan ratu ibu karya surat ||

64. suratipun kang katur ing putra prabu | nuwunakên lênggah | wuwuh alênglênggahnèki | rongèwu Tumênggung Suradimênggala ||

65. suratipun lumaksanèng kangjêng ratu | sapraptane Tambar | surat katur ing nrêpati | sangking ibu wus tinampan tinupiksa ||

66. têmbungipun kang ibu ngaturi pemut | abdine kang lawas | punggawa tanapi mantri | sampun kongsi inggih nandhang kasusahan ||

67. pun Tumênggung Suradimênggalanipun | bênêr panyuwunnya | awuwuha sèwu malih | dèn longêna lêlungguhe Natapura ||

68. prandenipun inggih kantun tigang èwu | gih pun Natapura | sang nata dèn èngêt ugi | inggih pun Tumênggung Suradimênggala ||

69. pan tumênggung tumut cablèk-cablèk lêmut | yèn darbe panêdha | sapatute dèn turuti | sampun kongsi ing tyas manggih kasusahan ||

70. sawusira maos srat sang nata jêtung | nimbali mas răngga | lawan Kaji Têpsirodin | katigane Kyai Ngabèi Duljalal ||

71. katiga wus prapta ngarsanira prabu | Mas Răngga Duljalal | sêrat winaos tumuli | wusnya têlas mas răngga anênggak waspa ||

72. ciptanipun tiwase sariranipun | pisahe kalawan | Jadirja Suryanagari | sabarang prakara nora bisa ngangkat ||

73. suratipun lajêng sinungakên wau | Ngabèi Duljalal | lawan Kaji Têpsirodin | wus winaos sang nata asru ngandika ||

74. lah ta iku pikire wong apa iku | nora rêrêmbugan | răngga kalawan sirèki | apadene têtarèna mring wong tuwa ||

75. bênêripun sun mêdhakkên wong tuwèku | ya Si Ngabduljalal | iku lungsuran bupati | Ki Tumênggung Wirasastra nagri Dêmak ||

76. yêkti patut dèn saba jaluk pitutur | bêrkate wong tuwa | kacèk wiwekane

--- 59 ---

pasthi | wêruh maring alang ujuring prakara ||

77. kang kadyèku anjaluk wuwuhe lungguh | nagari ing Jipang | tanpa mata tanpa kuping | apa uwis iya rata tanah Jawa ||

78. dene besuk yèn wis bêdhah Surèngkewuh | iya ana uga | duwe panjaluk ngarani | ing samêngko sayêktine kudu beka ||

79. apan iku dudu wit ing karsaningsun | adhi Singasêkar | panuwune marang mami | aprakara iya nagara ing Jipang ||

80. nyaosakên paranakane Mataun | ginawe dangdanan | iku karêpe si adhi | ujêr bênêr dadi sun turut kewala ||

81. dene besuk yèn tiwasa karyanipun | abêring ayuda | yêkti sun pundhut pribadi | sun salini êndi kang bêcik karyanya ||

82. pasthi kono tibaning panjunjung ingsun | ing mêngko kayapa | lagi arungan ing kardi | apan uwis wong sèwu miji maringwang ||

83. iku ingsun iya uwis nama nguthuh | pan nagari Jipang | sun srahakên mring si adhi | lagi ingsun macak manggalaning aprang ||

84. sun paringi pawitan ing Jipang iku | sun long sèwu iya | lêlungguh sangunirèki | sun paringkên lungguh Suradimênggala ||

85. lamun iku kurang upacaranipun | kaprabon punggawa | kurange busananèki | nênuwuna mring ibu iya prayoga ||

86. jaluk lungguh ing nagara Jipang iku | ibu tan duwea | ingkang duwe iya mami | lagi ewuh samêngko iya ing Jipang ||

87. kang sun tuduh kasenapatèn prang pupuh | dhimas Singasekar | Si Jipang dadi wêwinih | pawitane mêmangun asmarèng laga ||

14. Asmaradana

1. sang nata ngandika malih | marang Ngabèi Duljalal | hèh Duljalal paran kuwe | paukumane bêbeka | ngrêruwêt ing prakara | ingkang kaya si tumênggung | iya Suradimanggala ||

2. Ki Ngabduljalal wotsari | pukulun sumanggèng karsa | yèn katrapa ing lêpate | sawêg sapisan punika | kenging ugi ngantosan | dapur pênêd pun tumênggung | inggih Suradimanggala ||

3. yèn kapuntêna utami | iya padha tuturana | dènnya abangêt lupute | aja mindhoni prakara | kang nora kabênêran | sang nata nimbali jagul | ing pawon kalih wus prapta ||

4. nanging babêkêl tinampik | sang nata andikanira | kabêcikên bêkêl kuwe | misih wutuh kêkêrisan | misih wutuh bêbêtnya | golèka sikêp kang punuk | kang bêbêt bagor momohan ||

5. kang sabuk dêbog sasuwir | tan adangu nulya prapta | sikêp bêbêt bagor amoh | sami sungsun punukira | kinèn ikêt siladan |

--- 60 ---

sang nata ngandika asru | padha mêtua paseban ||

6. lan sira undhangana glis | kang pra dipati kang seba | Si Suradimênggalane | timbalana mring paseban | katri sarêng wêdalnya | undhangan kang pra tumênggung | sadaya wus sami prapta ||

7. ya ta wau sri bupati | amuruk sikêp punika | ingkang kinèn dhawuhake | marang Suradimênggala | dangu pamulangira | kinèn bêkta aritipun | gêgaman kang sinangkêlang ||

8. sigra sikêp kalih mijil | kang pra dipati wus aglar | ngadêg sarwi atêtakèn | pundi Suradimanggala | tumênggung sèwu Jipang | sigra wontên mantri tuduh | gih puniku ngarêp dika ||

9. sigra sarêng malangkêrik | anjêlèh dènira ngucap | dubilah bagus rupane | patut dadia santana | sêdhêng yèn kumlungkunga | baya baik pêrangipun | hèh Si Suradimênggala ||

10. timbalane sri bupati | sira jaluk wuwuh sawah | iya bumi Jipang manèh | alah si sèwu kewala | iya bumi ing Jipang | alapên kang wălung èwu | aja tanggung babar pisan ||

11. nuli mangkata pribadi | angambil nagara Jipang | nanging iku kang aduwe | ingkang rayi sri narendra | Pangeran Prabu Jaka | pinaringkên ing sang prabu | kang rayi sarta pinacak ||

12. kasenapatèning jurit | ngrêbat pasisir bang wetan | samêngko Tuban ênggone | Pangran Arya Prabu Jaka | tundhungên gêntènana | têkanta jêjulukipun | pètên anggonên wasiyat ||

13. Suradimênggala nangis | bupati măncanagara | prasamya gumujêng kabèh | para Dipati Mataram | tumut jêtung sadaya | dadya ngungkrêt gujêngipun | bupati măncanagara ||

14. nanging maksih ting cakikik | mulat wau solahira | sikêp ingkang dhawuhake | solahe ladak kumêthak | ikêtipun siladan | anggung nyikud aridipun[12] | dhawuhe anyêntak-nyêntak ||

15. paranta aturirèki | hèh Si Suradimanggala | pijêr mrêbês mili bae | ya maune kaya ngapa | dene ta kaluputan | jamak nalaring tumênggung | pasthiga ambèn pêngpêngan ||

16. nganggo nalar mata kuping | ngrungokêna dêdêlênga | wêruh ing măngsakalane | apa sun gêntèni sira | nanging gawe dêlajad | sikêp dadia tumênggung | pasthi rêngkaning nagara ||

17. hèh Suradimanggèlèki | yèn tumênggung kaya sira | abêcik sikêp atine | ilok wêruh ing ukara | hèh Suradimanggala | pan sira iku tumênggung | mamak nora [no...]

--- 61 ---

[...ra] wruh ngukara ||

18. iya patut dèn jêjuwing | tumênggung kang kaya sira | dene wus sèwu lungguhe | pilihan nagara Jipang | tur kang ngêlèh kewala | kurange prabot tumênggung | pan misih sangking sang nata ||

19. durung tinungge sirèki | tinuduh bêdhah nagara | byung-êbyung tumênggung akèh | iya durung papak sira | kaya katri punggawa | Radèn Suryanagarèku | mas răngga lan Jayadirja ||

20. katri bupati ngêntasi | kang tate bêdhah nagara | ya katêlu parandene | nora mamak kaya sira | wus têlas kang timbalan | sikêp mangkat sarwi ngêntut | ngêdên mak brut sarwi kesah ||

21. gumêr kang para dipati | gujênge ambata rêbah | nging măncanagara bae | kang pra Dipati Mataram | sami jêtung kewala | sikêp praptèng ngarsa prabu | umatur sasolahira ||

22. mangkana ing lami-lami | wau Suradimanggala | tulus kalantur pikire | dènnya sangêt kawirangan | wus parêng takdiring Hyang | owahe apuranipun | Sri Bupati Kabanaran ||

23. sigra dènira anuding | utusan amawi surat | mring Surabaya badhene | nora wruh yèn Surabaya | wus nungkul kabatinan | dutane jujug Mataun | kang tugur ring Surabaya ||

24. yèn tinampana anuli | minggat marang Surabaya | anggawa saprajurite | kalih bêlah kêkapalan | kalih atus kang dharat | nanging Tumênggung Mataun | tan purun angaturêna ||

25. nênggih marang senapati | Panêmbahan Cakraningrat | inganggêp dêdora bae | jinaganan amragalba | kayapa yèn têmêna | Suradimanggala iku | ing nguni panèkêt desa ||

26. Suradiwăngsa namèki | mangkya kinarya punggawa | lêlungguh sèwu sawah loh | pêpilihan nagri Jipang | wijil panèkêt desa | ing mangke nama Tumênggung | Suradimanggala Jipang ||

27. mila tan kandêl sayêkti | wau ulihe kang duta | dalu nasak wana gêdhe | nuju wana jinaganan | mring wonge Ki Dipatya | Cêbolang kang baris ngayun | panganjur manggalaning prang ||

28. kawênangan dèn cêkêli | wonge Suradimanggala | katiga lampah pandunge | wus kacêkêl dhinedhelan | layange wus kacandhak | ing enjingira wus katur | marang Dipati Cêbolang ||

29. sigra dènira lumaris | marang pakuwon mas răngga | ngaturkên mratelakake | yèn wadyanira pangarsa | antuk srat lan bêbandan | mas răngga miyarsa ngungun | sami sinimpên kewala ||

30. rêmbag lawan Ki Dipati | Cêbolang lawan mas răngga | sami nasabi lupute | nanging Suradimanggala | kêju tan purun seba | korèngên pawadanipun | tan [ta...]

--- 62 ---

[...n] kêmit datan aseba ||

31. dinangu sakitirèki | gandhèk Radèn Darmasuta | korèngên mung sakadhêle | nora patut yèn dadia | mudhokakên wong seba | sang nata kalangkung bêndu | bedane wong anèng praja ||

32. pabarisan akèh pikir | ya Si Suradimanggala | têka mêngkono budine | kaya ta wong wus aguna | mudhokakên paseban | dukane kalantur-lantur | rêmbêse pratingkahira ||

33. lamun carakanirèki | nênggih Suradimanggala | kang sangking Surabayane | lampah dalu kawênangan | marang bala pangarsa | cinêkêl mring wadyanipun | sira Dipati Cêbolang ||

34. dadya samya mrih nasabi | mas răngga lawan Cêbolang | sampun pinundhut surate | katupiksa ing narendra | langkung bramatyanira | supe lamun wau-wau | wus dhawuh kang pangandika ||

35. tan kêna mêtokkên gêtih | bupatine kawan wêlas | kang milu bêbakal kabèh | mêningi kalapa gêbang | miwah pama jakawal | ing punika gênging bêndu | kalingan sampun dilalah ||

36. cinêpêng wus dèn lunasi | wau Suradimanggala | sami angungun kancane | wiwit prihatin sadaya | tan ana kang wania | umatur pratelanipun | yèn bupati kawan wêlas ||

37. dhawuh pait ingkang gêtih | Mas Răngga Wirasantika | kadhèwèkkên jrih kimawon | mangkana kang tuwa-tuwa | iki lamun anaa | Radèn Suryanagarèku | nora mangkene karsanya ||

38. lamun punggawa wus dadi | dangdanan barang rinêmbag | pikir kang padha rujuke | aja ta pinisah-pisah | lamun iku pisaha | buwang dangdanan satuhu | yêkti ngêngêmbangi tiwas ||

39. natèng Kabanaran nguni | anglurugi mungsuh kathah | nanging katri punggawane | Dipati Suryanagara | Răngga Wirasantika | Tumênggung Jayadirjèku | katri punggawa dangdanan ||

40. sabarang ingkang pinikir | sang nata anut kewala | yèn sampun rêmpêg pikire | Dipati Suryanagara | Tumênggung Jayadirja | mas răngga katiganipun | dadi barang tinindakan ||

41. pisahe punggawa katri | kari sawiji mas răngga | tuna barang sapikire | mung ajrih kalong kanthinya | dadya niring prawira | yèn darbea karsa dudu | tan wontên purun malanga ||

42. anane punggawa katri | ingkang sami purun malang | milaris barang karsane | punika kêkês sadaya | mila sangkin andadra | anggung karsa tanpa urus | tan mawi catur pariksa ||

43. lagi ature wong siji | sanadyan roro têlua | kaparêng padha sêngite | gêmbul ngangsahkên wadulan | têka banjur ginêga | akirang polatanipun | kalamun panggawe ala ||

44. kudu gêmêt kudu titi |

--- 63 ---

yèn ana atur wadulan | nora sah wong nênêm bae | wong pitu wolu sadasa | sanadyan mangkonoa | binobot wêwatêkipun | aja age gugu ujar ||

45. wajib mariksa pribadi | amrih sah tibèng kukumah | kalamun ora mêngkono | kaya Suradimanggala | nadyan sinasabana | mring kancane pra tumênggung | prandene nêmahi lunas ||

46. mangkana sri narapati | mèh bêdhah lêlakon giwar | sangking tipis têtalingne | para nyai juru wedang | Bok Suthup namanira | bojon pinilih rumuhun | nanging lakinira minggat ||

47. tiyang sangking Surawèsthi | Pulangrêsmi namanira | mulih mring Surabayane | mangkya suwitèng Cêbolang | pan bêndarane lama | kinarya lêlurahipun | prajurit ing Surabaya ||

48. ing mangke Sang Adipati | Cêbolang sowan sang nata | Pulangrêsmi maksih dhèrèk | dadya Bok Suthup punika | asring manggihi marang | Pulangrêsmi lakènipun | mring pondhokan Surabaya ||

49. kawênangan dèn lunasi | sangsaya kêkês sadaya | wau sang nata budhale | sangking dènnya baris Tambar | Rabingulakir wulan | aparêng kala sinambut | kadhaton ing Surakarta ||

50. lêlarèn pinagêr siti | nênggih pagêr buminira | têpung lan loji kang bètèng | ing Rabingulakir wulan | taun Je duk sêmana | anunggil sêngkalanipun | saptèsthi angrasa tunggal |[13]|

51. ing Dhukut wuku marêngi | wau natèng Kabanaran | ing marga tan winiraos | mundur praptèng Pranaraga | enggar kang wadyabala | rawuh pêndhak enjingipun | miyos siniwèng ing bala ||

52. mêmacak para dipati | Madiun ingkang kinarya | nênggih anake kang anom | Pangeran Mangkudipura | Radèn Purwanagara | linajêng jêjulukipun | Pangeran Purwanagara ||

53. ing Jipang sèwu kinardi | kadang Suradimanggala | anggantyani lêlakone | nama Suradimanggala | wontên caraka prapta | srat sangking kang putra katur | Dipati Mangkunagara ||

54. bêbukane tur udani | kalamun wau kang paman | Pangran Adiwijayane | seda kasambut ngayuda | mungsuh Kapitan Kulman | nèng Kaliabo prangipun | sawêg mondhok tinututan ||

55. nunggil rajèng Pakungwati | duk sami cucul turăngga | mêngsah punika praptane | pun paman Adiwijaya | inggih sawêg asiram | mungsuh prapta lajêng nubruk | mila tan kongsi kiwula ||

56. sang prabu ing Pakungwati | ngamuk têtulung ing yuda | dèrèng pêpak prajurite | mila pamuke

--- 64 ---

katulak | rencange kathah pêjah | lan malihipun pukulun | kawula atur wuninga ||

57. inggih dhatêng padukaji | pun Tumênggung Wiranata | lan pun Ranadiningrate | kesah wus tilar ing Sala | bêkti malih paduka | ingkang dados kesahipun | sangking paman Buminata ||

58. bojone dipun rusuhi | mila botên angsal manah | samangke sangêt tobate | dhumatêng paduka nata | miwah dhatêng kawula | kula sumăngga pukulun | ing karsa tuwan sri nata ||

15. Sinom

1. wau kalane miyarsa | sang nata raosing tulis | surat kang sangking Pangeran | Dipati Mangkunagari | nimbali pra dipati | para mantri praptèng ngayun | munggèng ngarsa narendra | wong Suranata pinilih | sru ngandika pan sarya anênggak waspa ||

2. anak putu wruhanira | marma padha sun timbali | kakang mas Adiwijaya | seda kasambut ing jurit | nèng Kalihabo[14] goning | lan Si Kulman mungsuhipun | duk lagi pamondhokan | kuda lagya dèn uculi | kang ngênginthil mungsuhe kasêlak prapta ||

3. nora kongsi antuk bela | si adhi ing Pakungwati | angamuk-amuk katulak | prajurite kèh ngêmasi | malah ta dèn kêkinthil | mungsuhe saunduripun | sarwi marêbêl waspa | kang wadya duk amiyarsi | gumarênggêng pangungune wadya kathah ||

4. pating salênggruk kang wadya | akathah ingkang anangis | sang nata malih ngandika | sajatine ingsun iki | pan iya nora pati | gagêtun ing sedanipun | dene abêring aprang | sok pisaha tanpa kardi | lan patine Si Tumênggung Jayadirja ||

5. gêgêtun Si Jayadirja | sedane kakang mas iki | yèn prakara ing ayuda | ilang bauningsun kering | patine Jadirjèki | nanging sun rasa ing kalbu | tan duwe kadang tuwa | kang kari ing tanah Jawi | pan ing kono tyas ingsun kadya winêjak ||

6. tinunggu ing kadang tuwa | aja kudu milu jurit | kacèk antêpa tyas ingwang | upamane cundhamani | ya ta kang wadya malih | angot kang pating salênggruk | kondur wau sang nata | cinarita madya sasi | datan antuk dhahar nendra madyadipa ||

7. yèn dalu akêkayalan | awiyar ing Pranaragi | kêbon wanan sang dipatya | sang nata angingkis latri | anggung dènnya lunganis | tanpa rowang lamun dalu | anjajah pakêbonan | uyang sariranirèki | datan kêna narendra siniwèng wadya ||

8. akarya tarub balarak | munggèng soring nagasari | pèrèng ngarsa [ngar...]

--- 65 ---

[...sa] yèn kondura | ri wusnya samadya sasi | wit lêjar tyasiraji | kondurira sang aprabu | lajêng dènnya parentah | ngundhangkên santri angaji | sabên dalu utusan binoja-boja ||

9. enjing sang nata sineba | mijil ing pasowan jawi | aglar satriya punggawa | pramănca prawira mantri | miwah sagung prajurit | mantri prameya piyanjur | sang nata angandika | marang sagung pra dipati | hèh sakèhe Dipati Pajang Mataram ||

10. padha sun lilani sira | mulih mring Pajang Matawis | nanging aja bêbarêngan | êlêta sapuluh wêngi | wong Pajang kang dhingini | wong Mataram kari pungkur | yèn besuk arang udan | dèn padha enggala bali | angsah ingsun ambêdhah ing Surabaya ||

11. dene kang tunggu maringwang | amunga kang pra dipati | măncanagara kewala | mung putra santana kari | sandika pra dipati | malih ngandika sang prabu | Tumênggung Sindusastra | sira akaryaa tulis | angsul-angsul marang Si Mangkunagara ||

12. lan malih kang saprakara | sedane kakang mas iki | uwis padha amupusa | iya wus takdiring Widhi | ajana kang prihatin | mring ajal wêwatêsipun | anungkulakên iya | ing pakarya mangun jurit | kapindhone pan iya parentah ingwang ||

13. Si Tumênggung Wiranata | iya dèn ulihna malih | lungguh bupati pangarsa | aja owah kaya dhingin | iya amung sawiji | Ranadiningrat sun pundhut | praptaa Pranaraga | surat dadya sinungkên glis | mring dutane Pangeran Mangkunagara ||

14. caraka pamit umêsat | kunêng gantya kang winarni | dêlèr gêlak dutanira | mring Pangran Mangkunagari | kathah dènnya kêkirim | amrih sangêt pisahipun | pangeran lan kang rama | duta dêlèr wanti-wanti | ing sêmune kadi ta anganggo japa ||

15. kadya sela saupama | Pangran Mangkunagarèki | anggung pinocok ing waja | lami-lami têmah gigrig | budhal sangking Matawis | Têgalbayêm ngetanipun | kèndêl ing Pajagalan | alami sawêg anganti | pra dipati kang taksih ajêng-ajêngan ||

16. agunêm nèng Pajagalan | Pangran Mangkunagarèki | kasaru dutane prapta | ingkang sangking Pranaragi | sêrat katur ing gusti | ingkang sangking rama prabu | tinampan tinupiksa | wusnya tarimanirèki | dènnya atur wuninga sedaning raka ||

17. kaping kalih pêparentah | Tumênggung Wiranatèki | muliha karyane lawas | dadi bupati pangarsi | amung punggawa siji | Ranadiningrat pinundhut | praptaa Pranaraga | pangeran aniti-niti |

--- 66 ---

pandangune solah tingkahe kang rama ||

18. yèn wus prapta Pranaraga | badhene kang pra dipati | sami kalilan mantuka | Bupati Pajang Matawis | sawingking kula gusti | pra dipati budhalipun | inggih benjing katiga | ingandikan wangsul malih | nutugakên karsa gêcak Surabaya ||

19. ing Madiun pêjahira | Pangran Mangkudipurèki | mangke Rahadèn Sumbarja | sampun pinacak bupati | nanging namane maksih | Pangran Purwanagarèku | pangeran angandika | têka mêngkono kiyai | sabênêre iya anak kang atuwa ||

20. Si Tumênggung Sumadirja | iya ing Magêtan iki | dene kang anom dadia | iya Magêtan prayogi | anulya dèn timbali | Tumênggung Sumadirjèku | lawan Ranadipura | Kudanawarsa wus prapti | pangulune Ki Iman wus tinimbalan ||

21. sadaya wus samya prapta | lawan wadya mantri miji | pangeran alon ngandika | hèh Sumadirja sirèki | tanpa gawe ing mangkin | gonira milu maringsun | ramanira kang pêjah | Madiun wus dèn tanduri | kang pinacak arinira Si Sumbarja ||

22. dene ta ing lakunira | iya karsane kiyai | ginawakakên maringwang | tinuduh umangun jurit | mêngko bapakne mati | têka kang anom tinandur | anyilikakên manah | kiyai ngowah-owahi | iya kaya lunase Tumênggung Jipang ||

23. sadosane tinimbanga | pan durung sumurup yêkti | ya Si Suradimanggala | têka tan ana katolih | bature mangan kunci | mangan lo anèng wanagung | liwat milu kangelan | lara pati dèn labuhi | Si Tumênggung Suradimanggala Jipang ||

24. iya ing mêngko sok wonga | gêlêm milu ing kiyai | ujêr wus sugih jajahan | nguni bêbakale yêkti | dèn bêbujung Kumpêni | têlusupan jurang gunung | ing pirang-pirang wulan | mung mangan dhangkèling kunci | nora ginggang ya Si Suradimanggala ||

25. bêsona-bêsono iya | sangking tan ngrasa sayêkti | kalamun dadia cacat | têka nora dèn maklumi | wus jamake wong cilik | akêdhik dêduganipun | Ki Iman matur nêmbah | lamun mangkotên ramaji | botên esak kang kocap ing kadis kiyas ||

26. lamun panjênêngan nata | inggih angowah-owahi | lamat suda kang darajat | pangeran mèsêm ing batin | pangran ngandika malih | Ranadiningrat sirèku | pinundhut ing jêng nata | ngandikan [ngandika...]

--- 67 ---

[...n] mring Pranaragi | nêmbah matur Tumênggung Ranadiningrat ||

27. pukulun ajrih kawula | manawi dipun pêjahi | pangeran gumujêng latah | lah Kudanawarsa iki | wong siji kang nêmahi | kang akèh gêmpal tyasipun | jêr Suradimanggala | tunggale padha prajangji | lara lapa sisip kêdhik pinêjahan ||

28. wonge kabèh kêkês padha | pêpintone kang sawiji | iya Suradimanggala | pan iku kancane lami | sapa kang manastèni | ngugung wong pakbêlas[15] iku | pugawa[16] lara-lapa | mêngko kabèh pasthi elik | sapatine ya Si Suradimanggala ||

29. têtela kaca bênggala | mangkana tinundhung sami | payo padha makuwona | bubar sagung pra bupati | miwah pra mantri miji | mangkana ing dalunipun | miji papat ngandikan | lawan pangulunirèki | kanêmira Tumênggung Kudanawarsa ||

30. sami munggèng ngarsanira | pangeran miyoskên pikir | dènira arsa mangkêlang | Kudanawarsa turnèki | dhuh anggèr kadipundi | sawêg inggih bekanipun | gusti rama paduka | adarbe karsa pribadi | inggih dene dèrèng radin tanah Jawa ||

31. nanging ta sadasa-dasa | inggih pinupus ing batin | awon kocapa ing liyan | binêtahakên utami | pangeran ngandikaris | yèn aja bêtaha ingsun | dhingin mula wus êcrah | jêr kabangêtên kiyai | tămpa matêng mêntah-mêntah dikalêthak ||

32. Tumênggung Kudanawarsa | aturira ngasih-asih | gusti paran kinarsakna | pikir kang botên prayogi | saru ing tanah Jawi | pan paduka putra sêpuh | tur paman mara tuwa | inggih ing don kadipundi | angandika Pangeran Mangkunagara ||

33. lah iya Kudanawarsa | yèn ingsun maksiha nunggil | mati ngênês baya ingwang | nora bisa anglakoni | pangulune nambungi | tur sêmbah alon umatur | dhuh gusti makatêna | pundi kang botên kadugi | sakarsane inggih rama jêngandika ||

34. inggih ngaturana surat | ing rama tuwan sang aji | tuwan darbea panêdha | yèn botên dipun sagahi | punika sêdhêng purik | pangeran ngandikanipun | yèn ingsun mangkonoa | pasthi nuli dèn timbali | karsaningsun aja kongsi tinimbalan ||

35. yèn ingsun tinimbalana | yèn ora lumaku wêdi | witning ingsun lumakua | kapriye polahku benjing | ingsun katêmu wêdi | lagi mêngkono tyas ingsun | buh apa kang amawa | wêdiku kapati-pati | lumuh têmên ingsun iki katêmua ||

36. bênêr anaa kang ngucap | kudu karusakan [karusaka...]

--- 68 ---

[...n] mami | puluh-puluh ingsun têmah | dadi mati dadi urip | lan kapindhone mami | ngaurip tiwas kalangkung | layone kangjêng rama | tan kêna tunggal Magiri | kaya ingsun kajaba trahing Mataram ||

37. iki dêlèr ing Samarang | ngajak bêcik sun langgati | dèn eca ing pamrih ingwang | mung layone rama mami | sok ngumpula Magiri | amung iku pamrih ingsun | tan ana sêdya liya | mung layone bapa mami | sok ngumpula iya ana gunung Mêrak ||

38. yèn ora sun langgatana | lupute pangarah mami | layone wong tuwaningwang | pan dhingin sanggup kiyai | iya amratikêli | maring Kumpêni amundhut | layone ingkang raka | nora jêbul malah mangkin | lamun ora ingsun dhewe ingkang molah ||

39. dene kiyai ing benjang | bangêt dêduka ing mami | kongsia mukul maringwang | dêlèr sanggup anulungi | wus matês pikir mami | Kudanawarsa umatur | nanging ta dipun sabar | mawia rèrèh sakêdhik | rama tuwan wong agung surayèng jagad ||

40. aguna tur aprawira | wêweka sudibyèng wèsthi | Ki Iman nambungi sabda | inggih sayêktos sang aji | wong agung amupugi | ing aguna kasab lêmbut | prakosa măndrawignya | têtêp prawirèng ajurit | nanging mangke ing wêwatak sagêd owah ||

41. dene inggih kongsi lunas | punggawane kang wus jangji | barênga sapêjah gêsang | lara-lapa dèn labuhi | lagi sisip sakêdhik | têka nora nana ketung | pratăndha bakal tiwas | mangke kolu anglunasi | mring Tumênggung Suradimanggala Jipang ||

42. linalèkkên ing Yyang Suksma | apêse bakal mêrpêki | dene tan nganggo kemutan | abdine sabaya pati | setan ingkang ngalingi | sampun dilalah puniku | pasthi abdine samya | kang kari maras awêdi | dadi kaca inggih Suradimanggala ||

43. wus dadi ingkang pirêmbag | nèng Pajagalan Matawis | mangkêlang amumpangkara | ing saèstu badhe mungkir | ya ta wau winarni | praptane kang sangking nglurug | bupati ing Mataram | katiga sarênge prapti | Jayaningrat Janapura Jasêmbodra ||

44. Mas Răngga Wirasêntika | pra Dipati Sokawati | sarênge mantuk sadaya | Bupati Pajang Matawis | kang sangking Pranaragi | wau bupati katêlu | praptane Pajagalan | lan pangeran sami panggih | tigang dalu kèndêl anèng Pajagalan ||

45. langkung sami sukanira | dinangu solahing nguni | ing nalika baris Tambar | katur miwiti mêkasi | ingkang dinangu

--- 69 ---

malih | kalane panglunasipun | wontên baris ing Tambar | ing nguni dènnya matèni | mring Tumênggung Suradimanggala Jipang ||

46. kalangkung dados wêlasan | rama paduka sang aji | sangmangke[17] ewah kang karsa | ingkang ngabdi kêkês sami | pun răngga mangke jêgrik | de tan purun darbe atur | mêrbês mili kewala | ing nalika dèn lunasi | pun Tumênggung Jipang Suradimanggala ||

47. rencangipun lara-lapa | karo cawêt dèn lakoni | bêlusukan saba alas | amung mangan dhangkèl kunci | mangke karta sathithik | sugih brana sugih batur | lali abdine lama | ingkang milu baya pati | pun Tumênggung Suradimanggala Jipang ||

48. Pangeran Mangkunagara | angantêp sarwi bêbisik | mring Janingrat Janapura | nglairkên karsanirèki | sambat punggawa katri | mangkya dèrèng sagêt[18] matur | kula aso sakêdhap | wontên nagari Matawis | yèn wus bangban kula inggih nuntên sowan ||

49. punggawa katri kalilan | wus lajêng dhatêng Matawis | nuntên wontên dutanira | Pangeran Purubayèki | nêdha bantu ngajurit | anggung kasor yudanipun | pangeran angandika | wong Pagêlèn sira iki | umatura marang paman Purubaya ||

50. iya lamun ora bisa | tinuduh umangun jurit | mêcah Pagêlèn tan pêcah | wus nora bisa nglakoni | paman Purbaya iki | angur mundura dèn gupuh | aja dêdawa wirang | ing aprang pijêr katoring | kalah maring Si Tumênggung Arungbinang ||

51. apan ora sanggup ingwang | ing Pagêlèn ambantoni | angur nunggala maringwang | si paman Purbaya iki | uwis muliha aglis | mêngkono wêwêkas ingsun | duta tur sêmbah mêsat | pangeran undhang wadyèki | budhal sangking Pajagalan ing Mêtaram ||

52. kondur marang tanah Pajang | ing lampahira wus prapti | pasanggrahan ing Barija | wuwusên bala Kumpêni | Sakèbêr angundhangi | budhal nglêboni Matarum | kawan atus sadaya | prajurit Kumpêni putih | Kumpênislam dhomas pan wolung kapitan ||

53. pêpitu kang pra dipatya | Batang Kêndhal Lèpèntangi | Ki Tumênggung Mangkuyuda | Wiradigda Rajaniti | Surajênggala malih | Malangnagara kawolu | sangking Tarayêm budhal | samarga-marga ajurit | mêngsah lawan Dipati Suryanagara ||

54. lan Pangran Natakusuma | lèrèn dènira nadhahi | sangking kêkathahên mêngsah | dènira prang mundur miring | nanging bala Kumpêni | amêlak tan won purun |[19] Sakèbêr barisira | wus angancik ardi Gamping | wus rinakit larèn jagang kapurancang ||

--- 70 ---

55. pinarnah mariyêmira | luhur brate baluwarti | bêkta mariyêm sadasa | dene pondhokan wong Jawi | jinagang pagêr bumi | akawah kukuh abakuh | Tumênggung Mangkuyuda | ing Kêdhu wus kinèn mulih | apacaka baris anèng gunung Lawak ||

56. Dipati Suryanagara | kèndêle dènira baris | anèng Jênu sakancanya | sakawan kang pra dipati | ya ta wuwusên malih | Pangeran Buminatèku | kang wontên Surakarta | anandhang musakat malih | sakesahe Ki Tumênggung Wiranata ||

57. kalawan Ranadipura | Pangeran Buminatèki | bature tan bisa mêdal | ngupaya pangan tan olih | Pangran Buminatèki | kaoncatan dhaharipun | jajahan Surakarta | pan sampun rinupêg malih | kathah minggat wonge Pangran Buminata ||

58. arsa angêlar jajahan | Pangeran Buminatèki | mêdal sangking ing nagara | panêlawe desa wani | anadhahi ing jurit | tinitiran sagènipun | dadya kaburak-burak | cêngkelak lumayu mulih | maring Sala kangelan tan antuk karya ||

59. Kumpêni wus sami ewa | sang nata amitambuhi | dadya rongèh manahira | nora etung wirang isin | nêmu lêlingsêm mangkin | tan kemutan waunipun | moyoki mring kang raka | anake wong gendhong sênik | mangkya dene kabutuh tan bisa dhahar ||

60. lawan bature kèh minggat | Pangran Buminata mangkin | kesah sangking nagri Sala | kabutuh tan bisa ngising | arsa anungkul aris | asrah pati uripipun | marang natèng Banaran | kang wontên ing Pranaragi | nanging jujug Pangeran Mangkunagara ||

61. sapraptane ing Barija | gumujêng dènira panggih | Pangeran Mangkunagara | paman karsa dhatêng pundi | kang paman anauri | sebakêna awak ingsun | marang ing rama para | kang wontên ing Pranaragi | atur tabèk sumungkêm ing lara pêjah ||

62. gumujêng alatah-latah | paman bilih dèn patèni | inggih raka jêngandika | isin darbe kadang jêrih | sayêkti paman benjing | linêbêtakên ing sumur | sampun asring ngandika | iya kadang-kadang mami | yèn wêdi prang aja tatêmu lan ingwang ||

63. pangeran ing Buminata | sêdhêng lamun dèn patèni | ênggèh patut kadang tuwa | gêntining bapa sayêkti | măngsa selaka nênggih | yèn wong tuwa kudu nglampus | têka para aturna | kang putra umatur aris | kantun pintên prajurit paduka paman ||

64. sampun [sampu...]

--- 71 ---

[...n] boya duwe bala | kang kari rolas galintir | mung lima kang nunggang jaran | pêpitu kang dharat sami | ingsun iki musapir | jaran marang ing sirèku | tunggangane bok para | kewala turăngga katri | mung kêlara lumaku mring Pranaraga ||

65. tanggêl paman umatura | ing raka dika kiyai | rayi sampeyan pun paman | Natakusuma puniki | sawêg kula aturi | tumut baris ing Matarum | sayêktine musakat | rencange tiyang pasisir | botên darbe têtiyang Pajang Mataram ||

66. ingkang paman sinaosan | pakuwon dipun aturi | sadhahare sinaosan | makuwon kang paman aglis | wau kang dèn timbali | Pangran Natakusumèku | prapta sangking Mataram | ing Jênu kang kari baris | Adipati Suryanagara Măndraka ||

67. lan Tumênggung Wiradigda | Tumênggung Mangkudirjèki | Pangeran Natakusuma | barisan Barija prapti | lawan pangeran panggih | Mangkunagara andangu | paman wilujêng samya | taksih kathah sun tingali | prajurite katingal nganggo bandera ||

68. Pangeran Natakusuma | umatur gih kadipundi | bêndara lamun nyuruda | punika inggih satunggil | tan wontên kang ginajih | sangking pundi sabinipun | mung murugakên trêsna | malah kula dèn ingoni | amung kantun kêkapalan pitung dasa ||

69. sanjata kang tigang dasa | kawan dasa waosnèki | sèkêt abdi dalêm dharat | pangeran ngandika malih | jamakipun prayayi | satriya para tumênggung | wontên tilase uga | dipun trêsnani wong cilik | nadyan inggih kesaha sangking nagara ||

70. taksih wontên umat trêsna | lamun darbe labêt bêcik | botên kadi raka dika | paman Buminata mangkin | kesah sangking nagari | botên wontên kang angingus | sangking wong tabêt ala | mila tan wontên tut wingking | pundi wontên bature mung wong lêlima ||

71. kula badhe tur wuninga | ing raka dika kiyai | yèn paman katunggilêna | Bupati Pajang Matawis | sènès paman pasisir | kula nuwun karsanipun | upami tinêtêpna | pun paman baris pangarsi | sayêktine kula suwunakên sawah ||

72. paman botên kalepetan | kula ingkang amrayogi | Pangeran Natakusuma | bêndara sumanggèng kapti | yèn ugi anglèpèti | ing kula kawula nuwun | gih botên kula paman | pribadi ingkang mrayogi | lamun maksih tinunggil karya lan kula ||

73. pangeran sampun akarya | surat katur ing ramaji | wus dadya caraka [cara...]

--- 72 ---

[...ka] mêsat | ing marga datan kawarni | praptaning Pranaragi | surat katur rama prabu | tinampan tinupiksa | bêbukane tur udani | lamun rayi dalêm paman Buminata ||

74. mangke ngaturakên tobat | nungkul ing paduka malih | samangke tilar ing Sala | lan kawula sampun nunggil | rencange kapat kucing | kalangkung musakatipun | bojone samya dharat | langkung kula isin-isin | kêdah nêmah tobat sumungkêm ing tuwan ||

75. lan rayi dalêm pun paman | Natakusuma ing mangkin | sampun anunggil kawula | sumăngga ing padukaji | sumêdhot tyasiraji | Tumênggung Sindusastra wus | kinèn akarya surat | mring kang putra angangsuli | lan parentah sang nata tigang prakara ||

76. pangeran ing Buminata | Pangran Natakusumèki | pinundhut mring Pranaraga | lawan ingkang kaping katri | Ranadiningrat nênggih | kang rama sampun amundhut | praptaning Pranaraga | tan ana jêbule prapti | surat dadya sinungkên duta sarkara ||

16. Dhandhanggula

1. duta mêsat sangking Pranaragi | kunêng malih ingkang winursita | Pangran Natakusumane | asring ngandikan dalu | ing Pangeran Mangkunagari | paman Natakusuma | paran jampènipun | wong wêdi apêpanggiha | lan wong tuwa kapindhone narapati | kula puniki paman ||

2. dhatêng raka andika kiyai | punapa kang dadia têtămba | paman ilanga wêdine | inggih andika wuruk | kagyat wau dènnya miyarsi | Pangran Natakusuma | jêthèt manahipun | langkung èwêt asurira[20] | dangu-dangu Pangran Natakusuma ris | anggèr punika beka ||

3. inggih beka pandamêling eblis | karêmêne setan karya rêngat | têtukaran lan sanake | sabotên-botênipun | aja atut lan tăngganèki | mila anggèr ajriha | paran milanipun | dhasar gêgêntining bapa | kaping kalih tur maratuwa sayêkti | pangran gumujêng latah ||

4. paman ingkang mêmarahi ajrih | raka dika kiyai samangkya | wontên sènèse karsane | wontên punggawanipun | langkung sangking tumut ing sakit | rencange abêbakal | nênggih pun Tumênggung | Suradimanggala Jipang | dosa kêdhik punika dipun lunasi | wontên barisan Tambar ||

5. kancanipun kang dipun pêjahi | pun Tumênggung Suradimanggala | punika kêdhik dosane | pun Ranadipurèku | inggih paman mêntas ambalik | puniku dadi kaca | sayêkti linampus | sampun agêng ingkang dosa | pangraose botên sande dèn pêjahi | mopone sapunika ||

6. Pangran Natakusuma [Na...]

--- 73 ---

[...takusuma] turnèki | sènès abdi kalawan paduka | pan macan sagalakane | tan badhog anakipun | sami kèndêl anggagat enjing | bubar tanpa wêkasan | amakuwon sampun | Pangeran Natakusuma | pandugine awon kalêthêk ing galih | katon ing solah tingkah ||

7. Ki Tumênggung Kudanawarsèki | ingalihakên nama dipatya | angangge karsane dhewe | malah wus amisuwur | apan dèrèng atur udani | dhatêng rama sang nata | cêlingkrik jinunjung | Dipati Kudanawarsa | pra Dipati Mataram wus sami prapti | pabarisan Barija ||

8. Ki Dipati Janingrat Matawis | anakipun pinundhut wus ningkah | Tumênggung Jasêmbodrane | lan putraning pambayun | Radèn Ajêng Sombro namèki | sampun ingalih nama | rahadèn tumênggung | anênggih Sumanagara | sawêg ningkah nanging dèrèng apêpanggih | nganti kèndêl ing karya ||

9. Pangran Arya Purubaya prapti | lan Pangeran Amangkukusuma | sampun akêdhik balane | pan amung kuda satus | ingkang rayi wadyanirèki | mung kantun pitung dasa | kêkapalanipun | para tumênggunge samya | kang nglabuhi Pagêlèn para wadyalit | ambyuk ing Arungbinang ||

10. duta prapta sangking Pranaragi | katur surat sangking rama nata | tinampan tinupiksage | jroning surat kang dhawuh | ingkang putra atur udani | Pangeran Buminata | ing panungkulipun | pinundhut mring Pranaraga | asarênga Pangran Natakusumèki | katri Ranadipura ||

11. Pangran Natakusuma siraglis | tinimbalan praptèng ngarsanira | pangeran pangandikane | paman dika pinundhut | ingandikan mring Pranaragi | sukur punika paman | mila kula suwun | nunggila baris lan kula | kyai botên angarsakkên ing samangkin | kadi wêlas miyarsa ||

12. yèn lamia paman wontên ngriki | sayêktine tan wande musakat | mila kula suwunake | mangkya têmah pinundhut | inggih paman langkung utami | luwung nuntên umangkat | inggih besuk esuk | nulya Pangran Buminata | ingaturan prapta ing ngarsanirèki | kang putra aturira ||

13. inggih wontên sêrate kiyai | paman pinundhut mring Pranaraga | paman Natakusumane | punika sarêngipun | kula angkatakên ing benjing | sampeyan gih punapa | sarêng angkatipun | pun paman Natakusuma | misih ngadêg banderanipun sasupit | kapalan pitung dasa ||

14. gih sampeyan paman kadipundi |

--- 74 ---

anglingsêmi ing raka paduka | dadi pangeran kêkere | sayêkti lajêng bêkus | dêstun lamun jêmbêri bumi | pangeran anak raja | bature mung pitu | kang têlu nora kêrisan | Pangran Buminata angandika aris | paran pitulungira ||

15. iki ana duwèk ingsun kari | warisane iya eyangira | sêsupe kari sasêle | rêgane têlung atus | iya karya tuku turanggi | saparo kang dadia | sanguning lumaku | kuda salawe kewala | lagi sêdhêng ngupaya bocah ngong lami | kang anèng desa-desa ||

16. Pangran Mangkunagara lingnyaris | kula paman nyambang jaran lima | lan uwang sèkêt sangune | dadose paman kantun | angupaya rencang rumiyin | paman Natakusuma | budhal besuk esuk | sampeyan sawêg adangdan | ular batur pangeran ngandika malih | paman Natakusuma ||

17. lamun raka dika jêng kiyai | dangu dhatêng pun Ranadipura | kalangkung sangêt mopone | ajrih bilih linampus | kêkês dening wayanganèki | kiyai darbe karsa | abdine linampus | binobot dosane mapan | lan Tumênggung Suradimanggala yakti | gêdhe Ranadiningrat ||

18. sampun nuduh ing mantri kêkalih | dhèrèk Pangeran Natakusuma | sangking Barija budhale | mring Pranaraga laju | tigang dalu wontên ing margi | praptaning Pranaraga | katur ing sang prabu | lajêng dènira ngandikan | sapraptane ing ngabyantara narpati | ngabêkti ngaras pada ||

19. gya winêngkul dening sri bupati | Pangeran Arya Natakusuma | sawusnya dangu undure | ngandika sang aprabu | paran adhi sira pribadi | polahe sutanira | Mangkunagarèku | iya gumyahing pawarta | apan arêp umadêg sri narapati | wus nora ngimanêna ||

20. iya marang ing karaton mami | arêbut tuwuhing tanah Jawa | kumaki bangêt wartane | kalangkung èwêdipun | Pangran Natakusumèng batin | arsa matur pêsaja | bok wêtuning bêndu | satêmahe antuk nama | wêwadulan ilang namaning bupati | siniku ing sujana ||

21. arsa nora matura sayêkti | kêna dora sanadyan doraa | wong Rêngat rinapêtake | dora ganjaran iku | ngatutakên sêsatron sami | dadya tur winatara | mrih tibaning alus | pukulun mênggah kawula | dèrèng sagêt mêstani badhea mungkir | dhatêng putra

--- 75 ---

paduka ||

22. nanging inggih ugungan sayêkti | putra dalêm ing watak titindra | puyêngan mayêng wiyange | gawat kuwayanipun | pilih ingkang kenging andugi | asumbêr-sumbêrana | bawur wowor sambu | sumuk sumêngka sumamar | kang măngka toh tanpa titih parikêni | kênaka mrih pikêna ||

23. jro sêmbrana pamèting pakolih | nanging dulu kula tinimbalan | putra dalêm sêsambate | paman paran puniku | têtambane wong ati wêdi | kula puniki paman | pan ajrih kalangkung | lan kiyai pêpanggiha | têka wêdi akêkês apati-pati | inggih ing tyas kawula ||

24. Pangran Natakusuma turnèki | gih bêndara pandamêling setan | dede manah sayêktine | dipun agêng pukulun | ing mujadah gih kadipundi | lamun kalampahana | tanah Jawa rêtu | sintên kang dèn arsa-arsa | abdi dalêm bêndara satanah Jawi | amung kalih paduka ||

25. inggih lawan ramanta sang aji | angandika wau sri bupatya | hèh yayi mas iya kuwe | marang sira pan mungup | wêdi iku osiking ati | adhi mas Buminata | tan barêng sirèku | tur sêmbah alon turira | inggih sawêg adangdan ngupaya dasih | kados sawingking kula ||

26. wau Pangran Natakusumèki | dhinawuhan kinèn makuwona | ngalun-alun lèr kilène | pinaring sabin sangu | ginêmpalkên Madiun sabin | sèwu barêbêg lawan | Pace Caruban wus | akathah prajuritira | duk puniku Pangran Natakusumèki | ngiras măngka warana ||

27. kawan dalu antawisirèki | praptanira Pangran Buminata | Natakusuman pondhoke | sontên ing praptanipun | enjingira dipun timbali | mijil paseban jaba | wau sang aprabu | aglar pra mănca punggawa | para mantri pra muka adining jurit | supênuh ngarsa nata ||

28. praptanira wau ingkang rayi | sèlèh dhuwung lajêng ngaras pada | sarwi karuna abure | kang raka sang aprabu | nênggak waspa tyasira rujit | kathah karasèng driya | têlas kadangipun | ala-ala sok ngisisa | angandika marang kang para dipati | padha patutên iya ||

29. adhi êmas Buminata iki | apa bupati apa satriya | ingkang amrih sêmbadane | wadya tan purun matur | samya dhêku nuwun turnèki | dadya malih ngandika | wau sang aprabu | lamun dadia satriya | kurang bagus lan kurang prawirèng jurit | basa aran satriya ||

30. kang abagus kang prawirèng jurit | iku kang antuk nama satriya | dhimas iki ora kabèh | kurang wêwanènipun | ing sayêkti kurang abêcik | mung patute

--- 76 ---

adhi mas | dadia panambur | iku kang luwih prayoga | kuciwane têka dadi kadang mami | yèku marahi nistha ||

31. ingkang munggèng ngarsa pra dipati | para mantri sami nyakot ilat | sami angampêt guyune | kang rayi langkung dhêku | aturira angasih-asih | pêjah gêsang sumăngga | ing jêng kakang prabu | kawula nekat anêmah | anglabuhi ing tuwan sapati urip | botên nêdya suminggah ||

32. iya yayi jamak wong abêcik | barang panggawe tan tundha bema | ambuwang cingcing têlêse | ya uwis ariningsun | akèh-akèh ingkang kawijil | lah iya ngarah apa | babo wong sadulur | balik ingsun atêtanya | sira têmu lan sutanta Ki Dipati | Kaki Mangkunagara ||

33. kayaparan pratikêle mangkin | dene kathah wong matur maringwang | lamun owah tênagane | kang rayi nêmbah matur | inggih lêrês kang matur sami | Tumênggung Danawarsa | mangke wus jinunjung | Dipati Kudanawarsa | anakipun pun Jayaningrat Matawis | Tumênggung Jasêmbodra ||

34. pan ingalih namanipun mangkin | Radèn Tumênggung Sumanagara | pinêndhêt mantu samangke | paningkahipun sampun | nging pangantèn dèrèng apanggih | dene adêging nata | ngantos dhatêngipun | inggih pun dêlèr Samarang | sampun jangji sang nata duk amiyarsi | sêmutên ingkang jaja ||

35. mukanira kadya wora-wari | sugal wau pangandikanira | wus dilalah baya kiye | jagat kudu arêtu | wong mangkana arêp dadyaji | hèh sagung pra dipatya | kapriye budimu | mêngkene lakuning jagad | sarwi rawat waspa wau sri bupati | sangking kaku tyasira ||

36. iya ujêr ta kudu kumaki | tate aprang ngalahakên paman | adhi Buminata kiye | anggung dèn uwus-uwus | mêngko arêp wani ing mami | dhingin ingsun pithêsa | yèn kala kaburu | anggung angungsi maringwang | tanpa rewang ingsun kukup sun tulungi | sun ulihakên bawah ||

37. nuli waras dadi uwong maning | sun tambuhana ilang ngalêndhang | pinênthung wong desa bae | mêngko kudu kumingsun | pikir jajalanat dèn goni | bocah kudu kumêthak | kumewat kumingsun | wau kang para dipatya | para mantri akathah waspa drês mijil | mulat ing gustinira ||

38. Pangran Pakuningrat awotsari | dhuh pukulun sampun age duka | dipun tambêm dipun sarèh | dèn asabar dèn samun | sampun măntra-măntra yèn runtik | sang nata angandika | lah ta bênêr iku | adhi êmas [êma...]

--- 77 ---

[...s] Pakuningrat | ngarah apa wong tuwa wus duwèk mami | momot apura sabar ||

39. Sindusêstra lah sira pribadi | akanthia rêrowang kaparak | ing jro iya kaliwone | Ki Muhyadin tinuduh | karya surat badhe lumaris | dhawuh marang kang putra | pangeran puniku | Dipati Mangkunagara | wusnya dadi sinung kang badhe lumaris | Tumênggung Sindusêstra ||

40. kunêng wau lampahing dutaji | kawuwusa kang baris Barija | Pangran Mangkunagarane | wus dadya ingkang rêmbug | ingkang paman wau jurungi | Pangeran Purubaya | sagah kang ananggung | wilalate ingkang rama | jroning aprang kang nangguhi tulak sarik | Pangeran Purubaya ||

41. sami eram sagung pra dipati | garundêle Pangran Purubaya | wong ngarêp inganjatine | yèn ora karya kuwur | tan kalingan tiwasirèki | sampun jêlèh kang raka | têtulung abantu | tan ana undhakanea | bok pinêcat pakaryane senapati | karuwan ora daya ||

42. adol sêngung sanggup anadhahi | gêrdakane kang raka sang nata | adol syara tanpa gawe | nadhahi rama prabu | yèn enjuha sayêkti uwis | mungsuh lan Arungbinang | anggung dèn bêburu | salawase durung mênang | ing sapisan-pisana pan durung ondhil | anggung kaponthal-ponthal ||

43. nadyan datan amawi Kumpêni | dipun ijèn kewala tan mênang | pinapag ing prajurite | nyatus padha anyatus | anyèwua dèn sêsamèni | sapisan durung mênang | puniku agêndhung | mring Pangran Mangkunagara | saguh wani anadhahana ing jurit | raka natèng Banaran ||

44. apan uwis anggon-anggonèki | lamun uwong kuwanène suda | mung jail kuwarisane | wau ta kang rinêmbug | badhe ngutus dhatêng Sêmawis | Tumênggung Janapura | andhandhang lumaku | kinanthèn kalih punggawa | Ki Tumênggung Suramangunjaya nênggih | lan Patih Purubayan ||

45. Ki Tumênggung Tirtanagarèki | binêktan kapal alus rong pasang | katri punggawa lampahe | sagung para tumênggung | punggawane kang rama sami | tinimbalan sadaya | mring Barija sampun | ingandhêg sami ngecanan | ing tyasipun binoja ing sabên wêngi | kasukan ăndrawina ||

46. Pangran Mangkukusuma akaid | lawan Dipati Suryanagara | Tumênggung Măndarakane | samya minggat ing dalu | nusul dhatêng ing Pranaragi | kang kantun pra dipatya | jinagan ing dalu | Tumênggung Surawijaya | Pusparana [Puspa...]

--- 78 ---

[...rana] Tumênggung Wiradigdèki | Tumênggung Dipadirja ||

47. lan Tumênggung Jayarata nênggih | Tumênggung Wiratmaja kalawan | Tumênggung Mangkuranane | lan Têgalangunangun | pan pêpitu kancane sami | Pangran Mangkunagara | wiwit angrêrayut | kabèh bawahe kang rama | tinêlukkên ing Kêdhu Pajang Matawis | padha jrih nungkul samya ||

48. amung bawahipun Sokawati | dèrèng nungkul andina paprangan | nênggih mas răngga mungsuhe | nèng Sokawati tugur | Brajadênta lan Brajamusthi | andina rêbat bawah | malih pra tumênggung | Tumênggung Surawijaya | inggatira angumpul nèng Sokawati | lajêng tumut anggung prang ||

49. Pangran Mangkudiningrat jênêngi | lan kang paman Pangran Purubaya | ngirup wetan Marapine | wong cili bingang-bingung | wau para pangeran kalih | gagêdhugi lampahnya | kang sami angrayut | wetan Bayalali samya | langkung rame andina-dina ajurit | si mijawa pucungan ||

17. Pocung

1. lor lan kidul agênti buru-binuru | wadyane kang rama | para mantri pra dipati | yudanipun krêp unggul arang kasoran ||

2. ya ta wau lampahe katri tumênggung | kang maring Samarang | Tumênggung Janapurèki | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||

3. lan Tumênggung Tirtanagara puniku | Patih Kapurbayan | lampahe amundhut nênggih | ing layone syargi Jêng Pangeran Arya ||

4. praptanipun ing Paterongan pinêthuk | kareta têtiga | langkung dènnya angurmati | praptanipun Samarang dêlèr wus panggya ||

5. sêratipun Pangran Mangkunagarèku | tinampan winaca | kadhadha raosing tulis | mundhut layoning rama Pangeran Arya ||

6. dhasaripun ing Samarang sampun rawuh | sangking Batawiyah | kinurung sampun rêspati | tabêlane prayoga tumpang santosa ||

7. dutanipun sinungga-sungga kalangkung | tumênggung têtiga | pinistakkên nèng Samawis | tinalèdhèk sakalangkung sami suka ||

8. dhasar agung idêlèr pisungsungipun | mring duta punggawa | Tumênggung Janapurèki | lawan Ki Tumênggung Suramangunjaya ||

9. katrinipun Tirtanagara Tumênggung | lami nèng Samarang | gangsal dina gangsal wêngi | nulya budhal sangking nagari Samarang ||

10. ngajêngipun layon kuda kawan atus | kang jajari dharat | kalih atus kanan kering | para kaum ing ngarsa maca tilawat ||

11. budhalipun angin gora sindhungriwut | mêsês bayubajra | prahara maruta tarik | tan kawuwus gangsal dalu anèng marga ||

--- 79 ---

12. Pangran Mangkunagara sigra amêthuk | bêkta kaum kathah | sidhêkah samargi-margi | têtawure gumêdêr samarga-marga ||

13. mangsanipun katiga mawi galudhug | sinalin punggawa | ingkang lajêng mring Magiri | têtindhihe lampah Dipati Janingrat ||

14. sapuniku Pangran Mangkunagarèku | langkung suka duka | sukane layon duk prapti | ing pangrasa kadi rawuhira gêsang ||

15. dukanipun têtêp layon ingkang rawuh | mandah mêningana | kang putra prawirèng jurit | sugih bala akathah punggawanira ||

16. wangsulipun Pangran Mangkunagarèku | ing kalih onjotan | pangatêrira nèng margi | wangsul marang pasanggrahan ing Barija ||

17. praptanipun anyurtanah nigang dalu | lajêng mitung dina | gumuruh santri angaji | kêrig kaum kiwa têngên ing Barija ||

18. ya ta wau agantya ingkang winuwus | kang ngarêbat bawah | bang wetan ing Sokawati | mas răngga lan Tumênggung Ranadipura ||

19. ing prangipun andina buru-binuru | akathah pêpêjah | mantri ngajêng Sokawati | Pranaraga têpiswiring kalêbêtan ||

20. Ki Tumênggung Mangkuyuda praptanipun | wong Matesih ika | andêl punggawanirèki | ing Pangeran Dipati Mangkunagara ||

21. lajêng katur mring sang nata lamun mungsuh | manjing Pranaraga | Parangwadung dèn anciki | kang anama Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

22. sigra nuduh Sumabrata kinèn magut | budhal saha bala | tumênggung ing Pranaragi | gurawalan ing Parangwadung wus prapta ||

23. lajêng campuh wong Pranaraga anubrug[21] | mungsuh sami Jawa | sarta wontên kang ngidèni | mila wantêr prajurit ing Pranaraga ||

24. mungsuhipun amung kuda kalih atus | tigang atusira | wong Magêtan kang wus balik | tumut baris Ki Tumênggung Mangkuyuda ||

25. kang tinubruk mring Radèn Surabratèku | bêkta kêkapalan | kalih atus kang pinilih | lajêng campuh arame pan sami kathah ||

26. Ki Tumênggung Mangkuyuda wus kasambut | kathah kang kacandhak | wong Matesih akèh mati | Mangkuyuda pinocok kang utamăngga ||

27. wus malêdug ngisis sakarine lampus | Radèn Surabrata | wus wangsul mring Pranaragi | lan ambêkta utamangganing punggawa ||

28. prapta katur langkung sukanirèng kalbu | pinundhut kang sirah | mring ngayunan binuka glis | wêwadhahe kukusan kuping nêmbêlas ||

29. pra tumênggung sadaya kinèn andulu | sirah Mangkuyuda | irênge kaya kêlasi | jêjenggote binundhêl apalawangan ||

30. alon dangu wong têka ngêndi ta iku | sigra matur nêmbah | Kyai Kaji Têpsirodin | inggih tiyang sangking Matesih punika ||

--- 80 ---

31. malih dangu marang ing Radèn Tumênggung | Surabrata paran | pratikêlira ing jurit | matur nêmbah Ki Tumênggung Surabrata ||

32. barisipun inggih wontên Parangwadung | kirab badhe ngetan | ing lampah kawula sisip | kula tubruk sangking lèr barise bubrah ||

33. rencangipun sakantunipun kang lampus | larut asar-saran | ngidul angilèn prasami | langkung suka Surabrata wus ginanjar ||

34. dhuwungipun kalih lawan cara Wangsul | kandêlan kancana | ingkang Jawa wrat satail | cara Balèn wrat pitung tail mas tuwa ||

35. waosipun satunggal lan sanjata lus | bênting lan rasukan | ginadhang nama dipati | lamun wontên jayane sapisan êngkas ||

36. sirah sampun kinèn manjêr ngalun-alun | sigra pêparentah | Surabrata dèn bubuhi | rumaksaa jajahan nagri Kaduwang ||

37. ing Madiun Pangran Purwanagarèku | bubuhan rumêksa | jajahan kalih nagari | Kamagêtan kalawan ing Jagaraga ||

38. ya ta wau Pangran Mangkunagarèku | kalane miyarsa | bupatinira ngêmasi | Mangkuyuda pinocok prang Pranaraga ||

39. langkung bêndu dhasar miyarsa wêwadul | pun Ranadiningrat | lamun Răngga Sokawati | anyumbari ing Pangran Mangkunagara ||

40. langkung bêndu arsa ngawaki prang pupuh | anggitik Mas Răngga | Kudanawarsa Dipati | aturira lan sagung para dipatya ||

41. dhuh pukulun sampun angawaki nubruk | dhumatêng pun răngga | kinêrig kang pra dipati | kalih wêlas ginitik dalu kewala ||

42. wêrtènipun papêjahe tigang atus | lan pun Wirarana | prajurite kang binijig | kalih bêlah kang sayêkti tumut pêjah ||

43. sampun rêmbug budhal dalu sêdya nukup | marga tan kocapa | praptanirèng Sokawati | têtindhihe Dipati Kudanawarsa ||

44. lajêng nubruk praptanira wanci bangun | mas răngga alena | mung ngandêlakên prajurit | binêdhilan sami kagèt bubar-bubar ||

45. ênggènipun gêng têbih datan kasusu | kobêr sami dangdan | lajêng têtulung ing jurit | langku[22] rame mas răngga kagyat anendra ||

46. tanginipun sayaga sagarwa sunu | arsa têtulunga | wontên prajurit tur paksi | kang nênukup Pangeran Mangkunagara ||

47. langkung agung punika gêgamanipun | rêrepot sadaya | tan sami kinèn rumiyin | kinèn anjog nagri dhatêng Jagaraga ||

48. sigra wangsul lawan kuda têlung puluh | têtulunging bala | panêmpuhe sangking wingking | lajêng ngamuk akathah mêngsah kabranan ||

49. kathah lampus tambuh rewang tambuh mungsuh | dènnya prang kongsi

--- 81 ---

byar | mundur sawadyanirèki | sarwi nangis Mas Răngga Wirasêntika ||

50. mantrinipun amung kêkalih kang lampus | pun Wiradigdaya | dêmang ing tikdak ngêmasi | satunggile ki dêmang tukang pamancas ||

51. liyanipun wong cili mati sapuluh | miwah mungsuh kathah | kang kabranan kang ngêmasi | binabujung wus adoh malêbèng wana ||

52. mundur wangsul sagung kang sami bêbujung | kèndêl Kuwadungan | anarubakên wong cilik | pêparentah Dipati Kudanawarsa ||

53. Ki Tumênggung Ranadipura tinuduh | ingkang ngayumana | kabèh tanah Sokawati | sigra budhal Dipati Kudanawarsa ||

54. ingkang kantun Sokawati dèrèng tarub | sakilèn bêngawan | wontên sakawan bupati | dadya kontit sor prange Ranadipura ||

55. kang lumaku mas răngga sabalanipun | praptèng Pranaraga | katur marang sri bupati | prapta risak Mas Răngga Wirasantika ||

56. langkung ngungun adangu panjêtungipun | wau praptanira | kang sangking ing Sokawati | kang wus pasthi lamun saèstu baliknya ||

57. sang aprabu enjing siniwèng wadyagung | pramănca punggawa | aglar manggalaning jurit | răngga dêmang ngabèi sêntana putra ||

58. sang aprabu pêparentah ing wadyagung | padha ngestokêna | dhimas Buminata mangkin | sun lihakên aran Dipati Bintara ||

59. ing samangkin kang dadi warananingsun | sakalane siyal | Si Mangkunagara iki | iya dhimas Ariya Natakusuma ||

60. aduwea iya sosorane têlu | ing jêro satunggal | si răngga ing jaba kalih | ingkang têngên ya si adhi Pakuningrat ||

61. wadanane wong gêdhe dènira lungguh | sosoran kang kiwa | iya wadana Panumping | lan si adhi Dipati Suryanagara ||

62. duk puniku lajêng tari pra tumênggung | paran ing pratingkah | apa iya sun têtêpi | rêmak-rêmpu ana ing măncanagara ||

63. nêmbah matur Pangran Natakusuma rum | kula nuwun duka | yèn ngarsakna padukaji | anêtêpi nèng tanah măncanagara ||

64. ing tyasipun abdi dalêm sadayèku | kadya sinasaban | ing Jêmbangan langkung sêdhih | agêng alit prasami kawudhung ing tyas ||

65. saminipun lawan prang mêmpên pukulun | wong Pajang Mataram | dene wong măncanagari | dèrèng manjing tyase punika sadaya ||

66. sang aprabu pangandikanira arum | payo pra dipatya | padha rasakna sayêkti | bênêr êndi pikir ingsun lan adhi mas ||

67. sami matur pukulun salêrêsipun | lêrês rayi tuwan | Pangran Natakusumèki | abdi dalêm inggih mangkatên sadaya ||

68. sang aprabu gumujêng ngandika arum | iya yèn mangkana | ingsun budhal sangking ngriki | rêbut papan ing tanah Pajang Mataram ||

--- 82 ---

69. iya iku Dipati Cêbolangipun | sun tuduh ngetana | nèng Wirasaba Kadhiri | akanthia kabèh wong măncanagara ||

70. mung Madiun angulon bubuhanipun | lan Si Jagaraga | Warung lawan Balorèki | bubuhane ing karya ngetan kewala ||

71. tan kawuwus wusnya amêmatah laku | sang nata budhalan | sangking nagri Pranaragi | mring Madiun wadyane kadya hèrnawa ||

72. wadyanipun prajurit jro maksih wutuh | mung para dipatya | kang sangking Kêdhu prasami | sami suda wus lami dènnya kaponthal ||

73. pra tumênggung kang umiring sang aprabu | taksih sami wêtah | praptèng Madiun sang aji | kaèbêkan sangking gunging wadyakusya ||

74. gantya wau tanah Pajang kang winuwus | kang ngarêbat bawah | sawetan wukir Marapi | wong Kamangkunagaran anggung kaponthal ||

75. malah sampun mêmacak para tumênggung | urut Kuwêl samya | ingkang pinacak bupati | pamrihipun kuwata arêbut bawah ||

76. nora etung panajung dadi tumênggung | sok silih rosaa | iya rêbut bawah dadi | wong panèkêt Sêtrayuda ing Ungarang[23] ||

77. wus jinunjung sangking kathah sanakipun | sura ing ayuda | wus sinung namanirèki | pun Tumênggung Surawikrama Ungaran ||

78. dadya bingung wong cili keron kalangkung | tambuh dèn pêpiliha |[24] karo-karo padha gusti | rêbut sênêng rêbut tangguh ing wasana ||

79. kang winuwus wau nagari Madiun | Pangran Martalaya | punika ingkang ngêmasi | anakipun satunggal jalu wus dadya ||

80. langkung kathah nanging nak wadon puniku | kang jalu satunggal | Mlayakusuma namèki | sampun dadi bupati anèng Caruban ||

81. milanipun karsanira sang aprabu | nênggih ingkang putra | wau pangeran dipati | waris sangking ibu Madiun nagara ||

82. dadya wau kang putra sampun tinandur | Madiun kanoman | kang minăngka angêmbani | kasêpuhan Pangeran Purwanagara ||

83. sang aprabu wus budhal sangking Madiun | wadyane balabar | angêbêki Wanagiri | busananing prajurit awarna-warna ||

84. praptanipun anèng Bayêm akêkuwu | wadya amèt papan | wontên duta tur upaksi | sangking Wiranagara sarta Cêbolang ||

85. surat katur binuka sinuksmèng kalbu | nênggih tur wuninga | Kumpêni ing Surawèsthi | lan Maduntên minggah mring măncanagara ||

86. langkung agung pan inggih dêdamêlipun | Japan Wirasaba | ingkang sampun dèn anciki | kawan dasa mêngsahe nèng Wirasmara ||

18. Asmaradana

1. palajênge tur upaksi | inggih dhatêng Pasêdhahan | abdi dalêm ingkang kawon | gih pun Japan Wirasaba | kula nuntên [nu...]

--- 83 ---

[...ntên] lumampah | kagungan dalêm pukulun | nagri Japan Wirasaba ||

2. pan sampun karêbat malih | rame anggèn kula aprang | langkung kathah pêpêjahe | sang nata suka miyarsa | lajêng kintun ganjaran | lan aparing angsul-angsul | lampahing duta tinulak ||

3. parentah sri narapati | marang sagunging jajahan | dèn padha polatan kabèh | yèn ana tinêkan mêngsah | aja prang yèn kabotan | dèn inggal asunga wêruh | kang pra dipati amănca ||

4. mangkana ingkang winarni | Kamagêtan binantonan | prajurit ingkang prapta kèh | wadya Kamangkunagaran | sigra atur wuninga | binantonan kang lumaku | Radèn Arya Jayèngrana ||

5. lawan kinèn ananduri | Rahadèn Mangunkusuma | sangking Bayêm budhal age | sapraptaning Kamagêtan | lajêng campuh ing yuda | bêdhil-binêdhil gumuruh | arame sami suranya ||

6. acaruk rukêt ing jurit | sor titih prajuritira | kamuk rinukêt bubare | prajurit Mangkunagaran | banderane kabandhang | miwah waos sênjatèku | turăngga akèh kabandhang ||

7. tarub santananirèki | Rahadèn Mangkukusuma | kang anandur budhal age | barisan Bayêm wus prapta | Ki Arya Jayèngrana | kalawan sakancanipun | katur ngaturkên bandhangan ||

8. langkung suka sri bupati | pinaringkên kang bandhangan | ingkang antuk sadayane | mangkana wau sang nata | sangking ing Bayêm budhal | masanggrahan Tèmpèljimbung | wadyagung apamondhokan ||

9. wontên kang matur upaksi | yèn nagari Jagaraga | nênggih wontên bêbantune | prajurit Mangkunagaran | dêdamêlipun kathah | nênggih kêkalih tumênggung | sang nata duk amiyarsa ||

10. utusan Ki Têpsirodin | Suranata wolung dasa | Mêrjan Muhyadin kanthine | sangking Tèmpèl Jimbung budhal | prajurit Suranata | tan luwih wong wolung puluh | arsa ngukub Jagaraga ||

11. praptanira bangun enjing | prajurit manjing nagara | lajêng mangsah mungsuh kagèt | sami kasusu wêdalnya | lajêng campuh ngayuda | arame nèng ngalun-alun | ingamuk wong Jagaraga ||

12. bubar sami aningali | mungsuhe dudu wong jaba | wêruh lamun prajurit jro | mila kawur asar-saran | akèh tinggal dangdanan | kèh kabandhang kudanipun | tambur bêndhe lan bandera ||

13. mungsuh mawur sampun gusis | Kaji Têpsirodin sigra | wong bumi tinarubake | wontên bêkêl desa rosa | pinacak pinasrahan | Surayuda namanipun |

--- 84 ---

kumpul kuda pitung dasa ||

14. binakta marang ki kaji | bubar sangking Jagaraga | prapta pasanggrahan Tèmpèl | katur marang sri narendra | suka natèng Banaran | pinacak nama Tumênggung | Surayuda waunira ||

15. têtêp anèng Saosragi | Tumênggung Suradipraja | dadya pangarsa lakune | wus wuwuh prajuritira | kapat bêlah turăngga | budhal sangking Tèmpèl Jimbung | sang nata sawadyakusya ||

16. sadintên dènnya lumaris | sang nata sabalanira | prapta tanah bumi Murong | ing Kunir wastaning desa | sang nata masanggrahan | anganti carakanipun | Ki Tumênggung Sindusastra ||

17. kalih dalu anèng Kunir | praptanira Sindusastra | katur surat wêwangsule | Pangeran Mangkunagara | dene Ranadipura | kiyai maksa amundhut | amopo Ranadipura ||

18. lampahe tan antuk kardi | Ki Tumênggung Sindusêtra | sampun têtela balike | lir sêsulung dutanira | marang dêlèr Samarang | miwah dêlèr dutanipun | wira-wiri ingkang prapta ||

19. wuwusên dêlèr Samawis | sayaga kapraboning prang | ngundhangi pra dipatine | kang sami badhe binakta | Lèpèntangi ing Kêndhal | Batang Pamalang ing Kudus | kalawan Têgal Kanoman ||

20. lawan ing Dêmak satunggil | wolu kang para dipatya | kawan atus Kumpênine | kang pêthak dene kang Islam | dhomas wolung kapitan | lan sakèhe kadangipun | Pangeran Mangkunagara ||

21. sakawan jalu prasami | kang sêpuh sampun anama | Pangran Tirtakusumane | nanging kasêbut ing kathah | iya Pangran Pancuran | duk anèng Batawènipun | wismane anèng Pancuran ||

22. nulya wau ingkang rayi | Rahadèn Warihkusuma | nulya Toyakusumane | arine Ranukusuma | sampun jangkêp sakawan | kang badhe binakta nglurug | mukul natèng Kabanaran ||

23. nanging sawêg angantosi | bupati pasisir samya | dèrèng sampun dangdanane | lan dêlèr wêktu punika | kathah angingu magang | magang mantri pitung puluh | ngangkah kabupatèn samya ||

24. ingkang magang ngangkah mantri | nênggih satus tigang dasa | badhe sinung gêgamane | sanjata lus karbin samya | jangkêp ingkang sanjata | amung waos pitung puluh | pinundhutkên pra dipatya ||

25. para dipati pasisir | waos sulam gêrandi mas | sami cêmêng landheyane | punika kang dèrèng pêpak | milane ingantosan |

--- 85 ---

kunêng malih kang winuwus | kang wontên Murong barisnya ||

26. tanah Murong dhusun Kunir | Sri Bupati Kabanaran | lagya anata barise | pra dipati ingandikan | kang sami munggèng ngarsa | sang nata anjunjung-junjung | mring wadya ingkang prayoga ||

27. wontên abdinira lami | nging maksih mantri kewala | pun Dêmang Panatasingron | mangkya kinarya punggawa | sinungan bawah kathah | pinaring nama tumênggung | Tumênggung Wrêksanagara ||

28. sinung panêkare mantri | kanthi angêlar jajahan | pêpitu kănca mantrine | Ki Ngabèi Gupităngga | punika mantri tuwa | lan Dêmang Surangunangun | Dêmang Têgal Pangalapan ||

29. lan Ki Dêmang Jurangtawing | Ngabèi Ranadikdaya | Răngga Mêsnun Rănggalawe | Ngabèi Jayasêngkala | tinuduh angêlara | jajahan saurutipun | Matesih sapangidulnya ||

30. budhal maring Murong aglis | Tumênggung Wrêksanagara | prajurit kêkapalane | kumpul kawan atus lagya | wus ngancik Pacangakan | sapangilèn sapangidul | tinarubakên sadaya ||

31. mung wetan maksih nadhahi | ing prang wong Matesih samya | sami tumut mantri jêro | kêkalih kang sami têngga | mantri jro kang nanggulang | ing yudane ki tumênggung | nanging karoban ing mêngsah ||

32. piniluta sampun kêni | nungkul mantri jro kalihnya | mring sira Panatasingron | Tumênggung Wrêksanagara | sigra dènnya utusan | mring Murong ngaturi wêruh | ing Pangran Natakusuma ||

33. yèn Matesih sampun radin | mantri jro kalih atêngga | wus sami nungkul kalihe | wasta pun Jayakalpika | lan pun Jayaprayitna | bêndara nuntêna katur | ing raka paduka nata ||

34. Pangran Natakusuma glis | sowan angaturkên sigra | surate Panatasingron | sang nata trusthèng wardaya | mantri jro nungkul samya | kinintun ganjaranipun | bênting cindhe èpèk renda ||

35. lawan pinaringan lampit | nguni nyèkêt lungguhira | kinarya nyatus ing mangke | bênjang yèn tulus karyanya | ginagadhang punggawa | mangkya pakaryaning pupuh | nunggil lan Wrêksanagara ||

36. wus jêmbar jajahanèki | praptèng kidul Sumêdhangan | ing Ngutêr Ngaribayane | Nglaroh ingkang maksih băngga | malih ingkang winarna | wetan Marapi kang tugur | punggawane tinimbalan ||

37. wus praptèng Murong prasami | anggawa samantrènira | praptanirèng pakuwone | Pangeran Natakusuma | sigra ingirit seba | sang nata miyos têtarub | sawadya prajurit aglar ||

38. Pangran Natakusumèki | ngaturkên kang wau prapta | Tumênggung Dipadirjane | Tumênggung Surawijaya | miwah samantrènira | winiji-wiji dinangu | ing Lumbu Sutawijaya ||

39. pun Martawijaya Pêngging | ing Lungge Sêtradinăngga |

--- 86 ---

Surawijaya mantrine | akathah kang winastanan | nênggih Surawijaya | ingalih jêjulukipun | Ki Tumênggung Alap-alap ||

40. Sutawijaya ingalih | Ngabèi Jayanagara | Sêtradinăngga ing Nglungge | Ngabèi Wiranagara | Barengan Sutawirya | Kamanukan namanipun | Angabèi Kartapraja ||

41. ing Pêngging namanirèki | Angabèi Suradirja | Kêpadan Kartanadine | Giyanti Dêmang Karangra | Danupati ing Langkap | ing Sima Singadirjèku | sura Dêmang Awijaya ||

42. Dêmang Sungkupmanarèki | ing Talawong Katawêngan | wus jangkêp mantri salawe | mantrinira Alap-alap | urut Pêngging kewala | ing bang kidul mantrinipun | Ki Tumênggung Dipadirja ||

43. sadasa sami ingalih | urut Jatinom sadaya | Ranupati ing Kadarèn | ing Galagah Ănggajigja | Sindupati Karajan | Puluwan Căndrasurèku | Jungkare Suralêgawa ||

44. kalangkung Martanayèki | kadang wargane sadaya | Tumênggung Dipadirjane | kinèn têngga bawahira | wetan Marapi samya | aprang andina arêbut | bawah pan ganti kasoran ||

45. akathah ingkang pêpati | anênggih wêktu punika | patining wong tanpa gawe | wong sajagad ngungun samya | iki pratingkah apa | nadyan mungsuh sami ngungun | wong tuwa ing Surakarta ||

46. èstu gunaning Kumpêni | kalawan rosaning brana | têka anut kang cinorok | Pangeran Mangkunagara | winastan kêkandhangan | sikara anglêbur dhapur | ambubrah tindak wus enak ||

47. kang tugur wetan Marapi | wadya Kamangkunagaran | andina yudane kasor | wus kaingkut bawahira | Jatinom sapangetan | Jurangjêro urutipun | kalèyèk anggung rinupak ||

48. jajahane sami tipis | nulya binanton santana | Pangeran Purubayane | lan Pangran Mangkudiningrat | sakawan pra dipatya | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Surawikrama ||

49. kathah ingkang para mantri | dêdamêlipun akathah | tinadhahan aprang lèrès | Ki Tumênggung Alap-alap | Tumênggung Dipadirja | ngèrèk miring yudanipun | nanging tan purun bujunga ||

50. wau pangeran kêkalih | lawan tumênggung sakawan | makuwon kidul Talawong | Pangeran Arya Purbaya | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Dipadirjaku | lan Tumênggung Alap-alap ||

51. kawratan atur udani | ing Pangran Natakusuma | lajêng katur raka katong | sang nata sigra parentah | mêmatah kang pinatah | marang Pêngging abêbantu | Pangran Dipati Bintara ||

52. nênggih sêntana kêkalih | lan Pangeran Pakuningrat | binaktan mantri pamijèn | kalawan sakancanira | Radèn [Ra...]

--- 87 ---

[...dèn] Suraprameya | Ki Bênêr lawan Ki Bêndung | panèkêt sakancanira ||

53. nindhihi tumênggung kalih | Alap-alap Dipadirja | wus budhal sangking ing Murong | lawan sang nata parentah | budhalakên pangarsa | Sokawati wetan kidul | lèring Matesih Kamajan ||

54. badhe dipun pasanggrahi | wadyagung apamondhokan | urut Karja Jamus kabèh | kèbêkan wadya narendra | wau kang bantu ing prang | mring wetan Marapi gunung | Pangran Dipati Bintara ||

55. gangsal atus kang prajurit | prajurit ingkang turăngga | nêmatus kabèh dharate | sapraptanira lèr taman | prasami pirêmbagan | Pangran Bintara andangu | mring têlike Dipadirja ||

56. yèn barising mêngsah prapti | dados kêkalih barisnya | kang wetan lawan kang kilèn | ingkang wetan Pamutihan | Pangeran Purubaya | dene ta tumênggungipun | Tumênggung Surawikrama ||

57. lawan Tirtanagarèki | katigane Cakrajaya | tumênggung sangking Pagêlèn | kang kilèn baris Kathithang | Pangran Mangkudiningrat | Tumênggung Surawinangun | Tumênggung Jayasudirga ||

58. dêdamêle apan sami | prajurite kêkapalan | kapara kathah kang kilèn | matur Pangran Pakuningrat | marang Pangran Bintara | sampeyan kilèn puniku | kawula wetan kewala ||

59. rayi Tuwan Purbayèki | puniku Dèn Mas Surata | pêdhotan sangking Pagêlèn | dilalah yèn kudu kalah | mungsuh Pangran Purbaya | paduka kilèn puniku | sami bandêl jajêngkêran ||

60. Pangran Bintara nanggupi | akanthi lan Dipadirja | lan kalih dasa mantrine | wetan kanthi Alap-alap | lan mantri kalih dasa | wus dadya wau kang rêmbug | ing aprang ungkur-ungkuran ||

19. Pangkur

1. Ngabèi Jayanagara | lawan Wiranagara kang pangarsi | katiga Suradirjèku | kapalan kawan dasa | sinambungan mantri miji sadayèku | Rahadèn Suraprameya | uwus sakancanirèki ||

2. kêkapalan tigang dasa | lan panèkêt sangking kaparak kering | Anggotbênêr Tambakbêndung | Kêmplêng lan Wăngsaprana | catur jarak alah uga mangkotèku | kinarya mantri sadaya | nanging samya mantri miji ||

3. sangking Pêngging sampun budhal | wanci bangun tan adangu wus prapti | lèr kali kèndêl sadarum | lawan anganti êbyar | nora suwe pêngajêng nabrang angidul | byar kathah wong guyang jaran | sami têtakèn prayayi ||

4. sangking ing pundi punika | dene enjing punika lah kiyai | ana kang gêlêm sumaur | nukup têka ing Sima | wusnya nabrang wau kuda pitung puluh | jujug pasanggrahanira | Pangeran Purubayèki ||

5. lajêng kukuk ngamuk samya |

--- 88 ---

wus Saragni Kapurbayan wus tangi | lagya wontên wong sapuluh | bubar pating balêsar | pangerane gugup dharodhog lumayu | gègèr kapusus busêkan | gumrubyug pating jalêrit ||

6. akèh mati kèh kabranan | pangerane lumayu karo nyamping | pan cinangking dhuwungipun | sabukan turut marga | kathetheran samarga binujung-bujung | pisahe pambujungira | katuju kalangan kali ||

7. Tumênggung Surawikrama | wus kacandhak rinampog angêmasi | para mantri kathah lampus | Pangeran Purubaya | pan inguwuh mandhêga Purubayèku | kaya dudu anak raja | lumayu wêdi ngêmasi ||

8. mung bisamu kajailan | papêdhotan lan Arungbinang ngucir | mung gunamu gawe rêtu | ngojok-ojoki ala | gawe bênggang bapa lan anak sirèku | aprang dhewe nora daya | mung jail pangawak iblis ||

9. wong duraka Si Purbaya | kari gundhil wong wêdi angêmasi | lan duraka kadang sêpuh | dènira adol umbak | mring kang putra Pangran Mangkunagarèku | sagah nadhahi ngayuda | lan nadhahi walatnèki ||

10. mring raka natèng Banaran | mangkya prapta walat amilalati | dènnya syaranira umyung | kapiyarsa ngakathah | anêmahi mèh kacandhak ing prang pupuh | wurunge palêstra nora | wurung dunyane anggundhil ||

11. wau kang wus unggul ing prang | lajêng sami ngilèn kang taksih jurit | ing Bênêr kang katalanjur | kadohaning pambalap | Pangran Mangkudiningrat ing yudanipun | mundur miring taksih kathah | prajurite kang ngampingi ||

12. Ki Bênêr kalojokira | binalêdig ing mungsuh mingêr aglis | wus anunggil kancanipun | pinêthuk tinulungan | Pangran Mangkudiningrat prajuritipun | kèh pêjah akèh kabranan | lorode kèndêl garidhih ||

13. wau kang wus mênang yuda | pirêmbagan kèndêl sami nèng Pêngging | kinumpul sadayanipun | sagung rajabarana | myang sênjata tambur bêndhe waos dhuwung | bèri kuda lan bandera | badhe katur lan sang aji ||

14. budhal Pangeran Bintara | Pangran Pakuningrat lan para mantri | tumênggung kalih kang kantun | sapara mantrinira | Alap-alap lan Dipadirja kang kantun | barise sami amêncar | gêlar mrih lindhung ing jurit ||

15. wau kang kasor ing yuda | katur marang Pangeran Adipati | Mangkunagara angungun | kalangkung dukanira | dyan têngara kalawan prajuritipun | budhal angawaki yuda | dènnya mrih tumênggung kalih ||

16. Alap-alap Dipadirja | kalih arsa pinukul dèn awaki | tumênggung kalih angrungu | ngilang amung pacalang | para mantri sakawan turăngga satus | mindha-mindha anèng dhadha | tumênggunge nganan [ngana...]

--- 89 ---

[...n] ngering ||

17. Ki Tumênggung Dipadirja | ngilèn mêncar marang wukir Marapi | angidul jog Puluhwatu | ngetan anjog ing wuntat | Alap-alap angetan Wanakartèku | wau dènira siluman | angidul anjog ing Baki ||

18. wau ta dêdamêlira | Pangran Mangkunagara kang pangarsi | mantri sakawan kapêthuk | nèng Piji dènira prang | amung kuda satus pat banderanipun | prang lèrès mangalèr samya | binabujung tinut wuri ||

19. saparan tinut kewala | Pangran Mangkunagara misih ngungsir | kênèng gêlar kuda satus | puniku tinut wuntat | kidul Sima kèndêl pasanggrahanipun | mungsuh wus ilang mring alas | wus datan ana kaèksi ||

20. wau Pangeran Bintara | Pangran Pakuningrat lan mantri miji | praptèng Murong lajêng katur | ing prang panukupira | sapratikêlira ing ngayuda katur | bandhangan brana busana | waos bandera lan bêdhil ||

21. lawan sirahing punggawa | pun Tumênggung Surawikrama nênggih | langkung suka sang aprabu | wontên kêdhik mêsgulnya | ingkang rayi Pangran Purbaya barundhul | asusah kaparèng suka | kapok kakang rayi jail ||

22. ing ayuda nora daya | yèn ing pikir ngalênthar nora titih | yèn aja sutaning ratu | sayêkti tanpa karya | wau sagung bandhangan wus kinèn andum | sadaya kang sami angsal | kinèn bagi kang waradin ||

23. wus dinuman kancanira | sri narendra budhal sangking ing Kunir | majêng barisira ngidul | kumêrab balakusya | kèndêl dhusun Kêmajan wus tigang dalu | wontên duta ingkang prapta | Sêcadirana namèki ||

24. êmbane ratu bêndara | surat katur sangking pangeran nênggih | Mangkunagara puniku | tinampan tinupiksa | ngaturakên inggih sêmbah bêktinipun | ping kalih atur wuninga | inggih pun dêlèr Samawis ||

25. badhe mukul ing paduka | dêdamêle dhomas Kumpêni putih | Bali Bugis kalih èwu | warti bêkta Madura | bupatine pasisir sănga pukulun | kawula nuwun parentah | paran karsa padukaji ||

26. kula punika kênia | sampun kongsi sowan ing padukaji | kula ladosi pukulun | sangking têbih kewala | rêmak-rêmpu dipun abêna lan mungsuh | amung jrih sowan kewala | pêpanggih lan padukaji ||

27. pun dêlèr dêdamêlira | sampun mijil sangking nagri Samawis | wontên Ngungaran pukulun | panganjur Salatiga | sampun titi duta kinèn mondhok sampun | angantos wangsulan sêrat | sri narendra animbali ||

28. ing Pangran Natakusuma | pra santana lan sagung pra dipati |

--- 90 ---

kabèh prapta ngarsèng prabu | samya kinèn wuninga | ing surate Pangran Mangkunagarèku | sang nata mèsêm ngandika | padha pikirên kang bêcik ||

29. Pangeran Natakusuma | nêmbah matur datan kenging pinikir | yèn ing kawula pukulun | tan kenging pinikira | sêrat lamis abang ing lathi pukulun | datan pantês ginaliha | paduka sutèng nrêpati ||

30. punika srat calawênthah | sru gumujêng ngandika sri bupati | kabèh kang para tumênggung | miwah kang pra santana | apa bênêr adhi Natakusumèku | santana lan pra dipatya | sarêng umatur wotsari ||

31. inggih lêrês rayi tuwan | Pangran Natakusuma pan sayêkti | nanging paringa sul-angsul | sampun katawis duka | dipun sarèh ngirih-irih dipun alus | ing têmbung pan botên tumbas | gumujêng sri narapati ||

32. nimbali wong Suranata | Ki Mukidin kalawan Ki Muhyadin | Dul Wakit[25] katiganipun | padha sira gawea | têmbung rèngrèng mèh pangrêpa tangkêpipun | anging dudu pangrêrêpa | den ajêg amurba titi ||

33. wong têlu padha gawea | dhewe-dhewe gon ingsun amangsuli | mring Si Mangkunagarèku | surat sami sinawang | wong têtiga sarêng damêl datan dangu | pinundhut katur katiga | satunggal kang dèn sênêngi ||

34. Ki Dul Wakid kang kinarsan | sampun kinèn nurun lêlurah carik | Tumênggung Sindusastrèku | katur wus ingêcapan | tinimbalan duta Sêcadiranèku | êmbane ratu bêndara | Tumênggung Juwana nguni ||

35. pinaring surat wangsulan | lajêng mangkat ngilèn anjog ing Kunthi | Pangran Mangkunagara wus | budhal ngidul sawadya | wus kacandhak wontên pasanggrahan Lêbu | lèr kilèn Ngasêm punika | surate katur ing gusti ||

36. gya tinampan tinupiksa | bêbukane alus luwês amanis | sigra dangu kang ingutus | kiyai kaya ngapa | pasêmone iya apa nora rêngu | matur pun Sêcadirana | rama tuwan ngusap wèni ||

20. Sinom

1. caraka matur wotsêkar | rama paduka sang aji | gusti datan mawi ewah | ing solah tingkahing nguni | pangeran ngandikaris | iya iki suratipun | alus datan rêkasa | anglêr kaya banyu mili | têka ewuh kiyai gon ingsun duga ||

2. jêr bisa têmên wong ika | yèn uga olah lêlungit | yèn nêsu iya kayapa | padha sadhela asalin | nora tolih ing wuri | kaya iku patènipun | ing Kêdhu Mangkupraja | wus dadi punggawanèki | nora ketung nglunas ipe dhasar sanak ||

3. kalawan Tumênggung Jipang | punggawane milu sakit | iya Suradimanggala | luput thithik dèn [dè...]

--- 91 ---

[...n] patèni | yèku mulane wêdi | ingsun iki atatêmu | pangeran wus utusan | mring Ungaran kang tinuding | nênggih Malangsumirang lan Malangdewa ||

4. ambêkta lêmbu sadasa | lawan turăngga sarakit | sarêng wau dènnya budhal | pangeran sawadyanèki | ing Barija wus prapti | ngriku pasanggrahan agung | ingkang minăngka pura | wastanya sampun ingalih | winastanan ing Sumarêjadimulya ||

5. wuwusên dêlèr Samarang | Ohèndrub budhalirèki | sangking Ungaran gumêrah | langkung gêng dêdamêlnèki | bêkta mariyêmnèki | sakawan tiktak wêwolu | badhe angantêp yuda | lan Susunan Mangkubumi | kanthi lawan Pangeran Mangkunagara ||

6. tanggal sănga likur Ruwah | budhale sangking Samawis | tanggal kaping kalih Siyam | ing Salatiga duk prapti | rêmbên angati-ati | nèng Salatiga kapêthuk | duta Mangkunagaran | ngaturkên suratirèki | Malangdewa kalawan Malangsumirang ||

7. surat tinampan binuka | têmbunge atur udani | yèn kiyai badhe prapta | inggih sangking Pranaragi | mangke wontên Matesih | langkung gêng dêdamêlipun | kêrig măncanagara | wiwit amukul ing jurit | rencang kula kang tugur sawetan marga ||

8. Marapi kang kula matah | inggih santana kêkalih | para bupati sakawan | pinukul dipun agêngi | pan wadya kula sami | kawon kathah ingkang lampus | inggih tumênggung kula | satunggil ingkang ngêmasi | lampah dika tuwan dipun aprayitna ||

9. Pangran Dipati Bintara | mangkya măngka senapati | inggih paman Buminata | mangkya sampun salin nami | nguni tumut Kumpêni | kalangkung jêrih prangipun | mangke tumut kang raka | wartine kêndêl tan sipi | pan kinarya manggala pramukèng ngarsa ||

10. badhe sanggup purun ngadhang | lampahe baris Kumpêni | prajuritipun akathah | pinaring măncanagari | prajurit kang turanggi | nênggih sèwu gangsal atus | tumênggunge sakawan | anigang atus turanggi | mila sagah purun ngadhang lampah tuwan ||

11. kuda kalih èwu dhomas | dharate samantên malih | panutupe ingkang sêrat | kintun kuda lawan sapi | dêlèr duk amiyarsi | angundhangi ing wadyagung | ing lampah dèn prayitna | yèn angambah kidul Tingkir | kang amukul badhe Pangeran Bintara ||

12. budhal sangking Salatiga | dutane pangeran kalih | anyarêngi lampahira | wau kang baris Kumpêni | dêlèr parentahnèki | kinèn anunggil gènipun | lan Pangeran Pancuran | yèn wus prapta Sala benjing | ingsun awèh srat wangsulan ing pangeran ||

13. lampahing baris tinata | angambah sakidul Tingkir | wus dadi jajahanira |

--- 92 ---

tumut marang Sokawati | pinacakan bupati | Sêmarangan Bumisèwu | Carub lan Bumisala | kèh pinacak para mantri | têtindhihe Tumênggung Tirtanagara ||

14. lan Ngabèi Tirtasura | Ngabèi Tirtayudèki | Ngabèi Tirtawahana | Tirtalêgawa miranti | badhe angriwuk sami | marang idlèr lampahipun | kapalan kanêm bêlah | kinathahan banderèki | warna-warna kang bandera salawe prah ||

15. lawan payung kalih dasa | anjirap wetaning margi | kukuk surak nêmpuh sênggrang | prang lèrès saurut margi | yèn wani marêpêki | dèn mariyêm kawur-kawur | nanging sami malawang | ngênginthil ing kanan kering | dadya bala Kumpêni eca lêlampah ||

16. ing Bayalali wus prapta | sadalu enjing lumaris | kang ngrêriwuk saya kathah | wontên wetan Bayalali | wuwuh tumênggung kalih | Lap-alap Dipadirjèku | rame prang urut marga | ing Gumpang kèndêlirèki | amakuwon dêlèr sakidul Laweyan ||

17. wontên dhusun Kabanaran | jêjêl dhusun kanan kering | sapangulon sapangetan | gumuruh kanggenan baris | wadya Surakartèki | Dipati Pringgalayèku | asêsuguh wus panggya | sarêng dutane sang aji | wêdanane Tumênggung Puspanagara ||

18. duta ing Mangkunagaran | sampun ingangsulan tulis | wêwangsul Malangsumirang | Malangdewa sami pamit | salaminira nunggil | Pangran Pancuran pan anggung | duk anèng Salatiga | pitakèn samargi-margi | pratikêle kang rayi umangun yuda ||

19. Pangeran Mangkunagara | pira ta wadyanirèki | ature kang tinakenan | cacahipun ingkang ngabdi | rayi paduka mangkin | tan prabeda lawan ratu | yèn rayi jêng paduka | Sang Prabu Surakartèki | yêkti kathah Pangeran Mangkunagara ||

20. kadi langkung kalih lêksa | balane ingkang turanggi | para tumênggunge kathah | Pangran Pancuran miyarsi | lan anggêping Kumpêni | wus ginawe kadya ratu | ana lingsêming driya | yèn kalakona pêpanggih | ingajenan angluwihi kang sarira ||

21. dadya Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | Pangeran Mangkunagara | aja kongsi apêpanggih | iya lawan Kumpêni | bok dhèwèke kênèng apus | aja kèh kaya ingwang | wus kadluwuk nèng Kumpêni | suratira binakta Malangsumirang ||

22. sapraptanirèng Barija | wus katur gustinirèki | angsul-angsul ingkang surat | sangking idêlèr Samawis | tinampan binuka glis | sarta amawi kêkintun | asrêp wau tyasira | myarsa sagah ing Kumpêni | dènira jêng-ajêngan lawan kang rama ||

23. rêmbag angêlar jajahan | pangeran nuduh kang rayi | Pangeran Mangkudiningrat |

--- 93 ---

kinèn bobok Pranaragi | mangkya prasamya sêpi | mêtua ing Wukirkidul | Pangran Mangkudiningrat | sawadyanira miranti | budhal sangking Kusumarêjadimulya ||

24. nulya lêt ing patang dina | Pangran Mangkunagarèki | budhal sangking Sumarêja | ing lingsir kilèn lumaris | arsa anglanggar nênggih | mring kang rama budhalipun | nuju dina Jumungah | tanggal sawêlas marêngi | nuju sasi Puasa Je ingkang warsa ||

25. kèndêl dhusun Patêguhan | Pangran Mangkunagarèki | sakidul ing[26] Paserenan | makuwon sawadyanèki | kunêng gantya winarni | Ohèndrub ingkang gupênur | kang makuwon Lawiyan | sowan marang sri bupati | manggihakên kang raka Pangran Pancuran ||

26. kalawan sakadangira | amung ambêkta upêsir | lawan kang para dipatya | mung bêkta magang kêkalih | Abraham marang puri | sigra têdhak sang aprabu | nitih Ki Alundrêsa | abajo baludru wilis | songkok wungu gêmbayèjo nyampingira ||

27. rêspati dêdêg pidêgsa | kadya Prabu Maèspati | risang Arjunawijaya | pasêmon wangun nyabrangi | wus mijil sangking puri | ginarêbêg wadyanipun | prapta salèr galadhag | mung menggok angilèn kêdhik | tan adangu dêlèr kasêlak katingal ||

28. kèndêl sang nata sakêdhap | mèh têdhak sangking turanggi | dêlèr nyandêr jangan-jangan | tuwan têdhak sangking waji[27] | tanggêl wasisan loji | saksana sarêng lumaku | lajêng sami angetan | sêsaman rampak kudèki | sapraptane loji dêlèr wiwit têdhak ||

29. amurugi sri narendra | gupuh sang nata nêdhaki | sangking turăngga anyandhak | tabe rêrangkulan sami | aras-ingaras sami | pan ing jăngga iringipun | nulya jumênêng samya | majêng ngalèr angantosi | ing praptane sira Pangeran Pancuran ||

30. nulya kang para dipatya | mêndhak tarab nganan ngering | praptane Pangran Pancuran | rasukan baludru wilis | akuluk jangkang abrit | nyamping ragi Bali sarung | têdhak sangking turăngga | ingiring kabèh parari | dêlèr ngawe sarwi matur ring sang nata ||

31. puniku raka paduka | sang nata mêthuk sakêdhik | gapyuk sami sêsalaman | sawusnya kang raka aglis | angrangkul jajanèki | mingsêg marêbêl wêtu luh | anulya ingusapan | ing saptangan sutra kuning | malah dangu dènira adêg-adêgan ||

32. wong pasisir sami nyawang | ing pangeran lan sang aji | para mantri pra dipatya | sêngsêm dènira ningali | ewuh dènnya ngarani | sang nata asalin wangun | kadya putra [pu...]

--- 94 ---

[...tra] Cêmpala | duk ingangkat senapati | Radèn Dhustha jumênêng prang Bratayuda ||

33. idlèr kang minăngka Krêsna | dêdêge alus pêsagi | kuciwa dadi Walănda | wong pasisir ting barisik | Pangran Pancuran iki | têka ewuh tangguhipun | milu kandhangan apa | dêdêge têka baluncing | iya apa sabrangan apa ing Jawa ||

34. kalamun wani moyoka | nadyan sabrangana iki | nora tumèmpèl satriya | sêtun tibèng buta cakil | Dêmang Gêndir Panjalin | Ki Ngabèi Randhuwusu | lamun dadia răngga | pantês Răngga Walangkolik | yèn Jawaa tumèmpèl ing ngêndi baya ||

35. lamun putra tanah Jawa | nora nana kang amirib | dene ibune Madura | sêrigake ana ngêndi | rowane lunga ngênthir | ringkêse têka ngalumpuk | dadak muwuhi kojah | yèn ngandika wuwuh mamring | syara kadya wong wadon gêring rong wulan ||

36. êmbuh gone tinêmua | satriya mangkene iki | mila wong pasisir samya | panyawange anitèni | padha ngrungu kalêsik | duk arsa jinunjung ratu | nanging măngsa têmêna | mung murih êlok sathithik | mrih gêrago wong agung kang mangun aprang ||

37. manjing loji pilênggahan | idêlèr lawan sang aji | tuwin Pangeran Pancuran | tuwin para ari-ari | dêlèr matur sang aji | tuwan sunan lamun tamtu | eling raka paduka | Pangeran Mangkunagari | kêna dipun arêp-arêp tanah Jawa ||

38. kadi enggale raharja | ing nagari tanah Jawi | nanging sumêlang kawula | kula arsa magut jurit | lan rama dika nênggih | Mangkubumi wus pinunjul | prawiraning ayuda | untung ilang bêlum pasthi | rama tuwan prajurit măndragunèng prang ||

39. sumbagèng rat wirotama | angadoni jayèng jurit | raka paduka pangeran | Dipati Mangkunagari | rêbat bawah wadyèki | anggung prang sami kaburu | para tumênggungira | Mangkunagaran kèh mati | milu kula ing lusah têtulung yuda ||

40. dhatêng raka jêngandika | Pangran Mangkunagarèki | pan sampun ajêng-ajêngan | rama paduka ing mangkin | sampun wontên Matesih | wadyanipun langkung agung | ngêrig măncanagara | baris Matesih ing Bangsri | balanipun anggambuh ngêlar jajahan ||

 


wadyane. (kembali)
unggul. (kembali)
Pagondhangan. (kembali)
dhêdhêp. (kembali)
kadhèt. (kembali)
Kurang satu suku kata: kang nututi wus wangsul sadaya. (kembali)
saksana. (kembali)
landheyanipun. (kembali)
kris sami. (kembali)
10 sisipnya. (kembali)
11 ibu. (kembali)
12 nyikut aritipun. (kembali)
13 Tanggal: Rabingulakir Je: saptèsthi angrasa tunggal (AJ 1687). Bulan Rabingulakir tahun AJ 1687 jatuh antara tanggal Masehi: 30 Oktober 1761 sampai dengan 27 November 1761. Tahun AJ 1687 adalah tahun Dal dan bukan tahun Je, dan wuku Dhukut tidak jatuh pada bulan Rabingulakir tahun AJ 1687 tersebut. Menurut redaksi BG Balai Pustaka sangkala ini harus dibaca: èsthi sapta terasa tunggal (AJ 1678) yaitu tahun Je, dan wuku Dhukut jatuh pada tanggal 7-13 Rabingulakir tahun AJ 1678 itu. Lihat: BG Balai Pustaka (Pratelan Titimangsa, hlm. 94): "Rabingulakir, Êje: sapt(a) èsthi ngrasa tunggal (1687). Wuku Dhukut. Kadhaton Surakarta dipun pagêr bata gathuk kalihan loji lan bètèng. Sinuhun Sunan Kabanaran bidhal saking pabarisan Tambar badhe dhatêng Panaraga." Keterangan dari redaksi ini diikuti catatan kaki berikut: "Sangkalan punika ekan lan dasanipun kuwalik, botên sapt(a) èsthi nanging èsthi sapta. Dados ungêling sangkalan wau kêdah: èsthi sapta ngrasa tunggal (1678)." Maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah 7-13 Rabingulakir Je AJ 1678 (11-17 Februari 1753). (kembali)
14 Kaliabo. (kembali)
15 patbêlas. (kembali)
16 punggawa. (kembali)
17 samangke. (kembali)
18 sagêd (dan di tempat lain). (kembali)
19 Kurang satu suku kata: amêlak tan wontên purun. (kembali)
20 aturira. (kembali)
21 anubruk. (kembali)
22 langkung. (kembali)
23 Ungaran. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: tambuh dèn piliha. (kembali)
25 Wakid. (kembali)
26 sakiduling. (kembali)
27 wajik. (kembali)