Babad Giyanti, Anonim, c. 1820, #1118 (Pupuh 21-31)

21. Gambuh

1. sigra wau gupênur | sawus bêbisik marang sang prabu | pamit mundur marang pakuwonirèki | sakidul Lawiyanipun | nêm dalu makuwon kono ||

2. pangeran dukanipun | Jayakintèki bêkta sêsuguh | bêras bèbèk salawe lêmbunirèki | lan ayam sapuluh pikul | bêrambang bawang lan êndhog ||

3. kalawan [kala...]

--- 95 ---

[...wan] suratipun | tuwan idlèr pan arsa têtamu | Pangran Mangkunagara sêmaya kêdhik | sêdhêng sampun aprang pupuh | agampil besuk patêmon ||

4. kiyai bakal magut | balane padha nglarag mangidul | badhe ngutêr gèn kawula anadhahi | kula tuwan awèh wêruh | yèn kala tuwan makuwon ||

5. dipun prayitnèng kewuh | apan kiyai darbe panukup | tukang nukup tumênggungipun kêkalih | amêthèt wong kawan atus | damêle nukup kimawon ||

6. tuwan sayêktènipun | sampun lêt têbih pakuwonipun | arêm-arêm Pangran Mangkunagarèki | sangking lumuh atatêmu | milane anggung ngalap sor ||

7. mangkana budhalipun | sangking Lawiyan tuwan gupênur | ngidul ngetan kèndêl Paserenan sami | idêlèr sabalanipun | nèng ngriku dènnya makuwon ||

8. pangeran ênggènipun | nèng Katêguhan sakidulipun | Paserenan kasompokkên lak Kumpni | mingsêr ngetan barisipun | makuwon nèng dhusun Pojok ||

9. gunêm sadalu-dalu | lawan sagunge kang pra tumênggung | kang ginunêm ora têmu lan nêmoni | bêcik kang êndi puniku | riyon kang sami tinaros ||

10. tan ana ingkang kumpul | pating balêsar ing rêmbugipun | Danawarsa lan Jayaningrat Matawis | botên panggih rêmbugipun | dene bupati kang roro ||

11. Suramangunjayèku | lawan Tumênggung Janapurèku | rêmbagipun sami kêdah amanggihi | sampun tanggêl barang laku | ing pikir pan maksih reyon ||

12. ya ta wau sang prabu | undhanging bala siyaganipun | karsanira nênggih arsa marêpêki | ngrupak jajahaning mungsuh | wus budhal sangking ing Murong ||

13. sawadyagung mangidul | praptèng ing Karja Kêmajan Jamus | tigang dalu masanggrahan sri bupati | lajêng budhale angidul | tanah Matesih makuwon ||

14. ing Bangsri dhusun agung | wadya prajurit pangarsa sampun | ngêlar-êlar ing jajahan kanan kering | punggawa pangarsa kidul | pun Tumênggung Atasingron ||

15. lawan sakancanipun | sagung pra mantri ingkang pênganjur | pangidule ing kali Jêlantah prapti | jajahan mêngsah kaikut | mring Tumênggung Atasingron ||

16. ya Wrêksanagarèku | wantêr arikat tênaganipun | ngorakakên yèn ora ana prajurit | Kudanawarsa atur wruh | yèn Tumênggung Atasingron ||

17. wus ngancik Barawatu | pangeran langkung dènira bêndu | budhal sangking Pojok sawadya ngawaki | kumêrap wadya anggrêgut | duk miyarsa Atasingron ||

18. pangeran badhe mukul | sigra ngoncati budhal ing dalu | sakancane mung tilar mantri kêkalih | wontên kuda pitung puluh | jaga

--- 96 ---

ngawali kimawon ||

19. pangeran praptanipun | kapanggih suwung ing Barawatu | amung kawal pitung puluh kang turanggi | binujung maring panganjur | palayune ngèrèk ngulon ||

20. dadya nèng Barawatu | Pangeran Mangkunagara sampun | masanggrahan lan sagung wadya prajurit | lan sagung punggawanipun | wus tata dènnya makuwon ||

21. sigra dadèkkên rêmbug | mring Paserenan dêlèr gènipun | ingaturan anggitik mungsuh tumuli | gampil ing benjing yèn sampun | mungsuh sirna atatêmon ||

22. dêlèr apan wus nurut | sangking Serenan budhal gumuruh | nabrang ngetan sagung kang bala Kumpni | ngetan ngalèr lampahipun | sarêngan dènira bodhol ||

23. kang sangking Barawatu | budhal mangalèr bala gumuruh | wus katingal lampahing baris Kumpni | Mangkunagaran kadulu | sangking doh sarêng mangalor ||

24. lampahing duta manggung | awira-wiri mantri jronipun | kang ingutus maring barising Kumpni | Samêdhangan[1] praptanipun | baris Kumpni makuwon ||

25. pangeran barisipun | anèng ing Wera sabalanipun | masang rakit pangarsa myang kanan kering | wus cêlak ênggoning mungsuh | nèng Bangsri sang rama katong ||

26. pangeran wus angutus | atur sugata marang gupênur | lan matêngkên rêmbag pamukuling jurit | lawan idêlèr wus rêmbug | ing samôngsa ngasmarèng don ||

22. Asmaradana

1. punggawa pangarsa sami | balane natèng Banaran | Tumênggung Panatasingron | inggih pun Wrêksanagara | prapta sakancanira | tur wuninga lamun mungsuh | dêlèr baris Sumêdhangan ||

2. Pangran Mangkunagarèki | baris wetan Sumêdhangan | dhusun ing Wera ênggène | têbah saonjotan kirang | sangking baris Walônda | amatêngakên ing rêmbug | gène mukul ing paduka ||

3. Atasingron têliknèki | kang kinèn awor ing mêngsah | ingkang dinangu cacahe | watara kathahing mêngsah | punang têlik turira | sadaya watawisipun | dêlèr kalawan pangeran ||

4. kadi cacahing prajurit | salêksa lan gangsal nambang | lamun wontêna kirange | pan inggih botên akathah | miwah lamun langkunga | botên kathah langkungipun | sangking gangsal wêlas nambang ||

5. natèng Banaran nimbali | ing santana pra dipatya | lan lurah prajurit kabèh | tinawu ing bobotira | samono gênging mêngsah | apa oncat apa magut | kang abdi matur sadaya ||

6. sumôngga karsa sang aji | kang abdi darmi kewala | amrih ing yuda rarêmpon | kang abdi drêmi tumandang | sang nata angandika | santana lan pra tumênggung | ngarêpna Mangkunagara ||

7. ingsun ngarêpkên Kumpni | lan bocah jêro kewala | iya sun gawa sêparo |

--- 97 ---

kang patang atus kewala | punjul wong suranata | wolung puluh papat iku | mantri pinilih tri dasa ||

8. bocah jêro kang sapalih | patang atus milu jaba | kang sun pangku iku bae | mangkêlang sagung dipatya | sêdyane lumuh pisah | antêpe dadia bubuk | yèn kênia lumuh pisah ||

9. gya Pangran Natasuma glis | lan Rôngga Wirasêntika | wus tilar dhuwung kalihe | majêng sami matur nêmbah | pukulun nuwun duka | yèn èstu karsa sang prabu | nadhahi angantêp yuda ||

10. tan wontên ajrih ngêmasi | sadaya abdi paduka | amung inggih kuciwane | pukulun tan antuk papan | lan mêngsah taksih ura | botên anunggil gènipun | owêl abdi padukendra ||

11. sanadyan kathaha ugi | yèn mêngsah dados satunggal | botên tanggêl pêngantêpe | sang nata gumujêng suka | dhimas Natakusuma | ingsun pan kaya sirèku | iya kapalang ing papan ||

12. yèn mangkono sun unduri | rôngga padha undhangana | kancamu bupati kabèh | besuk esuk ingsun budhal | ing Bangsri ingsun tinggal | bubaran wau kang rêmbug | wande umangsah ing yuda ||

13. ing dalu datan kawarni | enjinge têngara budhal | gumuruh wadyabalane | putra santana nèng ngarsa | nuntên kang pra dipatya | sri narendra munggèng pungkur | lan wadya ing jro kewala ||

14. kèndêl dhusun Wanasari | sadalu amasanggrahan | enjinge budhal angalèr | Murong kèndêl masanggrahan | anata balanira | kunêng malih kang winuwus | Pangeran Mangkunagara ||

15. tur uninga ing Kumpni | yèn kang rama sampun jêngkar | sangking Bangsri sawadyane | angalèr mring Sokawatya | suwawi tinututan | tinut ing sapurugipun | idêlèr nurut kewala ||

16. têngara baris Kumpni | budhal sangking Sumêdhangan | angsahe sarêng angalèr | lampahe lêt tigang bulak | ing Sokawati prapta | Pamasaran kèndêlipun | pangeran nèng Pagêdhangan ||

17. baris Kumpni miranti | pangeran pemut prayitna | yèn ingkang rama badhene | sampun angundhangi bala | badhe angantêp yuda | dene pênêt papanipun | ing Sokawati arata ||

18. idlèr ngundhangi prajurit | sami prayitnèng ayuda | Pangran Mangkunagarane | marang dêlèr pemutira | yèn kyai dèrèng nabrang | ngalèr taksih wontên kidul | niyat magut ing ayuda ||

19. kunêng kang winuwus malih | Sri Narendra Kabanaran | kang abaris anèng Murong | anggung dènnya pirêmbagan | angrakit gêlaring prang | badhe ngantêp yudanipun | kasaru wontên caraka ||

20. sangking Pugêr Adipati | surate atur wuninga | lamun kang rayi jêngkare | Pangran Arya Singasêkar | tilar nagari Jipang | kawone sangking Sidayu | pan inggih [ing...]

--- 98 ---

[...gih] lawan kawula ||

21. botên ngangge têpang pikir | pun Pugêr nuwun dêduka | sintên kang kinarsakake | têngga tamping lèr punika | Pangeran Singasêkar | mring Kadiri lolosipun | môngsa mêcahna kaluwak ||

23. Pocung

1. kula nuwun atur tiwasing pukulun | rumêksèng tampingan | angraos botên kasaid | tiwasipun rayi dalêm Singasêkar ||

2. sang aprabu miyarsa kalangkung ngungun | kalawan Pangeran | Dipati Bintara mangkin | nuwun lênggah ing nagari Garobogan ||

3. sang aprabu ing batin kalangkung rêngu | pinupus yèn beka | dènnya arsa magut jurit | tyasnya lagya kuwur wande magut ing prang ||

4. iya lamun si adhi Bintara iku | yèn cinukêngana | beka satêngahing jurit | pan ingarêm-arêm tyasira sinamar ||

5. ngandikarum dhimas Bintara sirèku | jaluk Garobogan | kadangira Pugêr iki | kaya priye ing ngêndi gon amrênahna ||

6. dene iku sira adhi ingsun turut | jaluk Garobogan | watakira dhingin-dhingin | marènana sok lali wong pawong sanak ||

7. mring sadulur alane dèn ulur-ulur | pakarya tan arja | nura tulus dèn walêsi | ingkang rayi pucat sumungkêm pratala ||

8. aturipun sumôngga karsa pukulun | inggih dèn kumbaha | yèn kadosa nguni-uni | sakalangkung jrih kula ing padukendra ||

9. ing sotipun kadang sêpuh pasthi ampuh | kula manggih papa | kang ngukup mung kakang aji | gih punapa badan kang dipun walêsna ||

10. durakagung inggih kawula sok digung | kathah aturira | nêpa ta kadya wong cili | Pangran Adipati Bintara mring raka ||

11. sigra wau narendra gandhèk tinuduh | mundhut Garobogan | marang Pugêr Adipati | pinaringkên Pangran Dipati Bintara ||

12. Pugêr amung dhinongkolakên wong satus | langkung gujêngira | sira Pugêr Adipati | nora môntra-môntra yèn sakmanahira ||

13. wêruh lamun kang duwe panggawe saru | Pangran Buminata | bêdhandhêr sajêge urip | durung-durung nglakoni pênggawe tata ||

14. apan iku ya môngsa mantêpa besuk | marang ingkang raka | sayêktine dadi kardi | kudu-kudu ambêbeka lêlampahan ||

15. nora enjuh mung gunane gawe rusuh | sampun tinampenan | ing Garobogan nagari | langkung suka Pangran Dipati Bintara ||

16. yèn tinangguh saguh balanipun wuwuh | adhadhag-mêdhadhag | mangah-mangah ulatnèki | kaya êbung pring pêtung mêntas binakar ||

17. ya ta wau barising Kumpni maju | kèndêl dhusun Gêbang | Pangran Mangkunagarèki | kèndêl baris wontên sawetaning Gêbang ||

18. Sang Aprabu

--- 99 ---

Kabanaran karsanipun | pan anglès kewala | pan lagya sêbêl kang galih | ing bekane kang rayi Pangran Bintara ||

19. kang tinuduh dadia kawaling pungkur | pra wadana jaba | sadaya ing jro satunggil | tinindhihe Mas Rôngga Wirasêntika ||

20. sisihipun Radèn Suryanagarèku | sagung pra dipatya | ing jaba sadaya kari | mung kang dhèrèk sang nata sêntana putra ||

21. budhalipun angilèn wau sang prabu | mingêr ngalèr nyabrang | praptane salèr banawi | ngetan malih sakêdhap prapta ing Bancar ||

22. kèndêl wau masanggrahan sang aprabu | mungsuh wus miyarsa | pangeran miwah Kumpni | sami nusul baris Kumpni kalawan ||

23. barisipun Pangran Mangkunagarèku | budhal sangking lampah | wetan kilèn nunggil kapti | baris Murong kang dèn ungsir budhalira ||

24. ingkang kantun Murong kirab barisipun | baris mungsuh kagyat | anarka sunane maksih | sami kèndêl Kumpni baris sumêngka ||

25. barisipun Pangran Mangkunagarèku | lan sabalanira | anèng dhusun Bantutangkil[2] | baris Murong kêbut ngalèr ngilèn samya ||

26. dêlèr ngutus amatêngakên kang rêmbug | Dipati Sêmarang | praptèng baris Batutangkil | wus pinêthuk urmat maryêm prajuritnya ||

27. baris sungsun jroning pasanggrahan agung | sagung baris dharat | ing ngara-ara ing jawi | pan anggabag ewon kang baris turôngga ||

28. praptanipun wau awaking gupênur | Dipati Samarang | pinanggihan anèng jawi | soring tarub pasanggrahan sampun gênah ||

29. pra tumênggung tinunggalan pra tumênggung | lan Kudanawarsa | puniku jajare linggih | pangerane kang munggèng kursi priyôngga ||

30. dipatyèku Sêmarang tyasira kêju | dêlèr kang karyawak | têka nora nêmu aji | linênggahkên anèng wêwidhik kewala ||

31. lan andulu so[...] kèhing wadyagung |[3] sinawung sinawang | pasêmone gêdhe [...]k |[4] lonyot-lonyot ing pratingkah gêgêculan ||

32. tyase alum Dipati Samarangipun | mulat ing pratingkah | ki dipati kêcil ati | prakarane ngunthêt saparo pan mêdal ||

33. ngaturakên surat kang sangking gupênur | kêdah pêpanggiha | matêngakên barang pikir | sabarang rèh pênêt nuli kalakona ||

34. ya ta wau kèndêl ing pamaosipun | pangeran ngandika | hèh Adipati Samawis | dêlèr iki têka mangkene kang karsa ||

35. atatêmu iya apa bedanipun | kalawan pangucap | kang kalêbu layang mami | bèbèt ingsun tan ana ngoncati ujar ||

36. apan iku kakang mas panjalukipun | Pangeran Pancuran | nuli têmua lan mami | ngarah

--- 100 ---

apa bok besuk sawusing karya ||

37. apan ingsun liwat rubêde tyas ingsun | wong arêp-arêpan | ingsun iki nyêngka tandhing | pan kiyai prajurit sumbagèng jagad ||

38. tikêl satus balane lan balaningsun | tur padha prawira | kabèh balane kiyai | balaningsun lagi aprang bêbocahan ||

39. prandeningsun nêmah tan mingkêt sarambut | sangking ingsun iya | wus saguh marang Kumpni | rêmak-rêmpu môngsa nêdya ngoncatana ||

40. ciptaningsun lan Kumpni parêng gêmpur | môngsa dadak cidra | lamun taliti Matawis | wus muliha iya Dipati Samarang ||

41. layang ingsun angsul-angsul bèn lumaku | Si Kudanawarsa | ingkang gawa layang mami | ngiras wakil prasasat wus awak ingwang ||

42. pamit mundur Dipati Samarang gupuh | praptaning sumêngka | wus panggih lan kang anuding | Ohègendrup dipati ginawa ngiwa ||

43. aturipun katur sasolah ingutus | Dipati Samarang | mring dêlèr amrasabêni | sampun midho[5] kula dika kèn marika ||

44. solahipun beda lawan pamanipun | taklim ing kongkonan | ing adate Mangkubumi | puniki ta pratingkahing gêgêculan ||

45. manggil gupuh Radèn Endranata tumut | prapta tinakonan | miwah Naladikara glis | ingkang sami mindho ping têlu dinuta ||

46. mring sang prabu natèng Banaran karuhun | ngajèni kongkonan | satata dènnya manggihi | lan têmbunge sêdhêp prak ati pêsaja ||

47. patutipun sagène makuwonipun | mondhoka sadina | yèn Pangeran Mangkubumi | pasêmone baris kadi gone raja ||

48. sru gumuyu anggoyang kapalanipun | êmbèn Danawarsa | badhe kinèngkèn mariki | siyaganên têtarub pakuwon ngarsa ||

49. bubar sampun kunêng malih kang winuwus | Pangeran Pancuran | kintun sêrat mring kang rayi | wus tinampan ing Pangran Mangkunagara ||

50. têmbungipun hèh yayi mas sira iku | iya dèn prayitna | patêmon aja nglakoni | lamun durung ingsun lumaku nèng ngarsa ||

51. apan ingsun maksih lumaku nèng pungkur | iya durung kêna | lumaku ana ing ngarsi | lamun ingsun wus kêna lumakyèng ngarsa ||

52. dadi uwus patêmona sakarêpmu | kapindho yayi mas | prang lan paman Mangkubumi | aja age adhi ngantènana ingwang ||

53. pantês ingsun kang tuwa nanggulang pupuh | ya singa tiwasa | prang lan paman Mangkubumi | duk miyarsa kèndêl maos latah-latah ||

--- 101 ---

54. dutanipun kang raka sinungan wuwus | lah iki kakang mas | ngandika tanpa kêkering | nora lingsêm karungu samining janma ||

55. dadak iku nyumbari kyai prangipun | tan wruh ing ukara | tan wruh Ngêpon Wage Paing | wong kumaki iya prajurite pira ||

56. nadyan iku duwea prajurit sèwu | ya têlung èwua | nora patut anadhahi | pamanane wus prajurit têtêmênan ||

57. pira-pira prajurit sabrang kang wudhu | Mayor As Mayor Pal | Mayor Por kalèrèk mati | prang lan kyai tumpês saprajuritira ||

58. waniningsun sun rewangi prang malincur | gêlar salinthutan | wong aprang lawan kiyai | tadhah dhadha pasthi rêmak-rêmpu bebas ||

59. dutanipun kang raka sinung sul-angsul | Pangeran Pancuran | sampun lèngsèr nêmbah amit | kawuwusa ingkang abaris ing Bancar ||

60. amrih laku wau kang putra tinuduh | pangeran dipatya | ngirit wong môncanagari | pra dipati wus kinèn mantuk sadaya ||

61. pangranipun Dipati Anom Madiun | lan Purwanagara | nêdya tulung Pranaragi | kang binobot sangking ing gunung sarkara ||

24. Dhandhanggula

1. nahên gantya kang winursita ris | nênggih wontên sêmpalaning kôndha | nagri Turki nangkodane | ing Turki tanahipun | lunga dagang mring bawah angin | nangkoda kalih sanak | sami sugihipun | lan kadang mung sabaita | ingkang tuwa anama Ki Sèh Ibrahim | kang anom Ki Sèh Iskak ||

2. wus lakune ing nagari Turki | lamun nangkoda dagang anêbah | anggawa cape rajane | êcape sultan ing Rum | pan kalaut nèng bawah angin | têtiyangipun pokah | sêbit layaripun | palwane kalunta-lunta | kalih atus sabaita rowangnèki | Sèh Ibrahim ngulama ||

3. datan kèndêl baitanirèki | anut ing barat kalunta-lunta | ngetan tan ana enggoke | kasanggrok nèng pulo Drus | dadya kèndêl palwanirèki | nanging tan wontên tiwas | mung tiyang kang putung | lawan layaripun sirna | nèng pulo Drus minggah tuwan Sèh Ibrahim | manggih têtiyang kathah ||

4. wong lêlaran kang anambut kardi | gêraji kayu sadina-dina | Tuwan Ibrahim têtakèn | mring wong gêraji kayu | iya iki nagara ngêndi | apa rajane ana | wau kang sumaur | puniki ing Batawiyah | amung jendral gêng-gênge nagri puniki | akulit kadi tuwan ||

5. nanging kaot srêban lawan topi | kalih tuwan sami kulit pêthak | sawusira atêtakèn | wangsul baitanipun | sagung

--- 102 ---

awak baita sami | kinèn kantun prayitna | amung kadangipun | binakta anitih sampan | minggah dharat sapraptanirèng Batawi | arsa anjaluk tiyang ||

6. sami kagyat têtiyang Batawi | arang kambah sami kagawokan | abagus agêdhe-gêdhe | têtakèn gêdhongipun | goning jendral sami lumaris | ingkang jaga lumajar | badhe ngaturi wruh | yèn têtiyang Turki prapta | sawêg matur Sèh Ibrahim sêlak prapti | anguwuh jendral-jendral ||

7. langkung gugup jendral angêdhuni | dharakalan kapêthuk ing latar | sampun cinandhak astane | sampun binêkta lungguh | munggèng kursi agya dènnyangling | jendral sun jaluk tiyang | putung tiyang ingsun | mulane kalunta-lunta | jêbul kene pan ingsun iki rad Turki | iki cape rajèngwang ||

8. tuwan jendral sigra aningali | cape Jêng Sultan Muhamad Lekan | Rum Ingadli ratu gêdhe | kêkalih êcapipun | Kangjêng Sultan Mustapa Rumi | jendral sêngkut mangrêpa | langkung sugun-sugun | tuwan paduka dèn sabar | dene tuwan saèstu nangkoda Turki | kadhapur ing nagara ||

9. dene antuk cape ratunèki | yêkti kajêjêr nangkodèng praja | mila dipun ragi rèrèh | kula turi tan wurung | inggih amrih ingkang prayogi | mantuk lah iya jendral | sun anti sanggupmu | ingsun rèrèn tanahira | mênawa na wong sikara marang mami | môngsa bodhoa sira ||

10. tuwan jendral matur ngasih-asih | sintên purun tuwan kula rêksa | ing sadhahar inumane | anulya pamit wangsul | mring parau jendral ngurmati | angatêr lan sugata | sarwi wuwusipun | tuwan yèn wus tigang dina | inggih tuwan kawula aturi malih | dhatêng wisma kawula ||

11. saungkure Tuwan Sèh Ibrahim | Jendral Jakub Musêl pirêmbagan | lawan dêlèr dhirèkture | pan Dêr Phara ranipun | iya Petrus Albetrus prapti | jendral atutur warta | ana nangkodagung | sangking Turki bijaksana | ing praptane palwa putung tiyangnèki | têmah kalunta-lunta ||

12. gawa cape Sultan Rum sayêkti | iki patut yèn sinilih basa | iya ngakua dutane | kangjêng sultan ing Ngêrum | amariksa rusaking Jawi | sapa kang dadi purwa | Jawa rusakipun | kang aprang nora maria | Mangkubumi sayêkti lamun amanggih | sultan ing Rum dukanya ||

13. sayêktine kêkês Mangkubumi | nuli nurut iya saparêntah | ing Kumpni pratikêle | anut ginawe ratu | ing nagara Jawi sapalih | dhirèktur pan Dêr Phara | pan Petrus Albertus | myang sagung rat pnidiya |[6] wus sarêmpêg amung kari [ka...]

--- 103 ---

[...ri] pikir siji | ambobot maring opah ||

14. ana ingkang tri atus sêsasi | ana ingkang tangatus sawulan | limang atus nêmatuse | puniku reyal sêpuh | sigra jendral ingkang mêdhoti | patang atus sawulan | patang atus kêtun | cêkak landhung wus bêjanya | ing tutute sakênane Mangkubumi | nurut marine aprang ||

15. saingone sabature sami | wong rongatus kang anèng baita | kang atunggu dagangane | sawêdhus bêrasipun | sabêrambang bawang dhognèki | samenyak samarica | kapulaganipun | wus sah ingkang binicara | nulya ngutus mring pulo Drus komasaris | lawan kaji satunggal ||

16. wong Makasar Ki Kaji Duljaki | ingkang bisa basa Turki Arab | ing pulo Drus sapraptane | sarta bêkta sasuguh | warna-warna sapitung konthing | pamrihe kasaida | bature rongatus | kanggoa satêngah wulan | wusnya panggih lawan Tuwan Sèh Ibrahim | nuju amaca kitab ||

17. kitabira wontên kalih pêthi | kagyat dulu komasaris prapta | lan akathah gêgawane | kalangkung sukanipun | komasaris wus tata linggih | alon manis têmbungnya | tuwan kula ngutus | dhatêng putra jêngandika | tuwan jendral asung pratôndha ngurmati | rèhning paduka prapta ||

18. inggih wontên tanah ing Batawi | aprasasat Sultan Rum kang prapta | angrahmati ing dasihe | sasat dhawuhan daru | amadhangi nagri Batawi | mung tuwan kang sayogya | pinintanan tulung | ing sagunging para susah | sultan ing Rum baboning ratu sabumi | tyas nulya paripurna ||

19. kula ngutus ngaturi udani | nagri kang tuwan ciki punika | sapangetan saurute | manggih susah kalangkung | sagung daganganing Kumpni | kèndêl datan lumampah | pirang-pirang taun | Kumpni rugi kewala | ingkang mawi ing tanah Jawa ajurit | sinapih datan kêna ||

20. wontên anaking raja satunggil | namanipun Radèn Mas Sujana | Mangkubumi ing samangke | angamuk pirang taun | datan kêni apês ing jurit | langkung sawindu dènnya | amurwèng prang pupuh | eyangipun prajangjean | lan Kumpni manjing darah kulit daging | sagêbyaring baskara ||

21. awon-ingawonan botên kêni | èwêdipun tinadhahan ing prang | sasat prang lawan putune | tinêmênan puniku | nistha aprang putu lan kaki | rinewang prang wêtara | tan kêni sinêmbur | atusan sabên ayuda | pêpatine wutahing rah dalajadi | bumi satêmah rêngka ||

22. putra tuwan jendral nyuwun runtik | sayêktinipun langkung bêbana | bilih dados usadane | tanah Jawi pukulun |

--- 104 ---

angipuka ing Mangkubumi | pasthi tuwan ginêga | jêr tuwan jinis Rum | Mangkubumi yèn kênia | ingadêkkên raja sapalih ing Jawi | kèndêla amangun prang ||

23. putra tuwan jendral anyaosi | kawan atus kêton sabên wulan | Sèh Ibrahim duk myarsane | kalangkung ngungunipun | ana ingkang karasèng galih | Sèh Ibrahim ngulama | dhangan ing tyasipun | rêsêp karya kabêcikan | ya warahên si jendral aja kuwatir | ing samono prakara ||

24. aja nganggo iya dèn owahi | yèn amurungakên wong tukaran | pan wus gêdhe ganjarane | mungguh Hyang Maha Luhur | komasaris sumaur aris | tuwan putra andika | jêr wus nandêripun | môngsa kênaa tinulak | angandika wau Tuwan Sèh Ibrahim | ya warahên si jendral ||

25. besuk esuk sun têmu pribadi | karo jendral padha rêrêmbugan | ingkang linakon bêcike | wajib amrih rahayu | iya maring isining bumi | ingsun iki wong dagang | ngancik nagarèku | lagi nêmu kasusahan | kuwajiban angêntèni milu mikir | mulyane kang nagara ||

26. komasaris lan Kaji Duljaki | sampun pamit lumbaya lumarap | wus minggah dharat lampahe | lajêng panggih gurnadur | Jendral Jakup Musêl anganti | lawan dhirèkturira | Petrus ya Albetrus | komasaris praptanira | ngaturakên saguh Tuwan Sèh Ibrahim | têtulung ing prakara ||

27. tanah Jawa marine ajurit | akarya mandhêging dêdagangan | bumi kèh dadi rusake | apan ing dintên esuk | rama tuwan mariki malih | amatêngakên rêmbag | mrih kalakonipun | wajib tulung kasusahan | duk miyarsa ing karsane Sèh Ibrahim | suka angarsa-arsa ||

28. kunêng dalu kawuwusa enjing | komasaris kang kinèn amapag | bêkta rumbaya lampahe | sapraptaning pulo Drus | Sèh Ibrahim wus dèn aturi | wau gurnadur jendral | ing sawingkingipun | utusan amêpak bala | dragundêre rongatus lan jalan kaki | urmat baris yèn prapta ||

29. kang pinêthuk Tuwan Sèh Ibrahim | lan amêpak ing rat pnidiya | baris wus miranti gone | dêlèr kalih tinuduh | mêthuk reta pinggir pasisir | kang pinêthuk wus prapta | têdhak ing parau | sigra ingaturan minggah | ing kareta minggah Tuwan Sèh Ibrahim | lajêng karetanira ||

30. praptanira jendral mêthuk aglis | lawan sagunging rat pnidiya | gupuh-gupuh tênagane | kadya urmat ing ratu | jendral langkung angasih-asih | kinanthi rinarêpa | wus binakta lungguh | sagung

--- 105 ---

kang rat pnidiya | sami tabe wus samya linggih ing kursi | Sèh Ibrahim ngandika ||

31. apa nuli jendral pikir iki | apa tamban mungguh lakuningwang | Jakup Musêl lon ature | inggih salêrêsipun | tuwan kula ajrih ngaturi | yèn tuwan sampun dhangan | Tuwan Sèh amuwus | manawa na pikir liya | liya ingkang ginawa si komasaris | aran wong pêpikiran ||

32. ingkang enak padha dèn lakoni | lamun sira kabotan ing pêrang | ya sira aja andalèh | lamun wong dagang ingsun | lamun ingsun kirima tulis | marang ing ratuningwang | anuwunkên bantu | aja maido maringwang | pasthi olih iya prajurit rong kêthi | sok kêlara nyugata ||

33. iya sapa mungsuhmu ajurit | dadèkêna ancur sanagara | iya ngong kaduga bae | pan iya ratuningsun | bangêt asih ing awak mami | Sultan Muhamad Lekan | narendra pinunjul | sumbagèng rat pramudèng prang | prajurite kabèh pitung puluh kêthi | yèn ingsun utusana ||

34. tur wuninga lamun awak mami | dagang ngambah ing nagara susah | susahe nuju prang rame | mrih mulyaning prajèku | ingsun nyuwun kirim prajurit | nadyan patang kêthia | pasthi lamun antuk | ingsun sira aku bapa | antêp ingong iya jendral nora wigih | nglakoni sarat jaja ||

35. ingsun iki sira gumatèni | sampe mati nglabuhi prakara | iya mrih rahayu ngakèh | jendral mangrêpa matur | langkung sangking tarima kasih | langkung sangking kalingga | dede wawratipun | tuwan inggih tanah Jawa | amung ewon langkunga botên kuwawi | pasthi praja suwak brak ||

36. têmah ajur botên dadi takir | mila tuwan panuwun kawula | mung ngipuk kang sami darbe | amrih puruna rukun | sampun kongsi sêlayèng budi | wong cili karisakan | kasihan kalangkung | nênulari tanah sabrang | gawe mandhêg marang dagangan Kumpni | windon rugi kewala ||

37. amung tuwan pantês ngusadani | risakipun inggih tanah Jawa | tuwan tunggil agamane | aluhur sultan ing Rum | mila tuwan kula aturi | môngsa sagêda bôngga | ing salêrêsipun | yêkti agamane cacat | yèn mopoa tuwan pitutur mrih yêkti | kadi anut kewala ||

38. sigra wau Tuwan Sèh Ibrahim | iya ingsun ora gawa rewang | wong Turki sun tinggal kabèh | sun gawanana batur | tuwa roro bocah kêkalih | Duljaki ingsun gawa | akèh karyanipun | kang minôngka juru basa | tuwan jendral sigra dènnya marentahi | kang juroni baita ||

39. nuju

--- 106 ---

wontên duta ing Samawis | utusane Dipati Samarang | Wiryamanggala namane | kalawan mantonipun | namanira Dyan Wirasari | gandhèk ing Kartasura | nênggih lurahipun | syargi sumare Lawiyan | duk wiwite pakêthip lunga angungsi | pangan marang Sêmarang ||

40. sinarêngkên Tuwan Sèh Ibrahim | ingantuke nunggil sabaita | sira Wiryamênggalane | kalawan ingkang mantu | Wirasari wus mancal aglis | samarga ing lautan | anggung andêdangu | pratingkahe tanah Jawa | Kyai Wiryamanggala umatur aris | tuwan anak kawula ||

41. Wirasari puniki kang abdi | dhatêng sang prabu ing Kartasura | dadi wong kandêl têgêse | lêlurah gandhèkipun | malah tate kinèn tut wuri | kang rayi kang prakosa | samangke puniku | Pangran Mangkubumi nama | prawirèng prang samangke kang dadi kardi | anggung numpês Walônda ||

42. duk miyarsa Tuwan Sèh Ibrahim | langkung suka anggung atêtanya | Wirasari cinêlake | lêga ing manahipun | myarsa ture pun Wirasari | yèn agung sok dinuta | jênêngi prang pupuh | duk ingabên mring kang raka | lawan pira-pira kang mungsuh katitih | tanna môngga puliha ||

43. dadosipun mangkotên puniki | ing nguni Jendral Emub punika | prapta ing Surakartane | nuntên saantukipun | kesah Pangran Amangkubumi | lajêng prang tanpa wêkas | inggih sami batur | dadya lêtuh kang nagara | pan ing mangke tuwan kula tan udani | ngungsi wontên Samarang ||

44. wus têtela Tuwan Sèh Ibrahim | sangking Radèn Wirasari turnya | yèn abêcik têtêkone | lan bêcik dhapuripun | nguni Pangran Amangkubumi | kunêng kang alêlampah | Tuwan Sèh nèng laut | wau suratira jendral | sabên kantor Têgal Jêpara Samawis | wus sami kadhawuhan ||

45. suratira jendral ing Batawi | Sèh Ibrahim Tuwan Sarip Bêsar | sultan ing Rum carakane | dèn padha sugun-sugun | singa-singa kang dèn ampiri | dutane raja besar | dèn cakut dèn takut | aja gêgawa maringwang | tuwan jendral langkung dènira nasabi | mingit panggawenira ||

46. wau lampahira Sèh Ibrahim | kèndêl Têgal Petor Palêm mapag | langkung panyuba-nyubane | mung kèndêl kalih dalu | lajêng mancal dhatêng Samawis | sadalu lampahira | êbyar praptanipun | petor bêsar ing Samarang | duk miyarsa mêthuk mring pinggir pasisir | panggih lajêng binakta ||

47. marang petor [pe...]

--- 107 ---

[...tor] bêsar wismanèki | sinaosan gêdhong kang santosa | Tuwan Sèh makuwon rèrèh | pan dêlèripun suwung | pan anglurug mring Sokawati | Wirasari kalawan | Wiryamênggalèku | samya kinèn umantuka | yèn wus aso têlung dina kinèn bali | gawoa[7] roning kamal ||

25. Sinom

1. sawusnya so tigang dina | sira Radèn Wirasari | marak Tuwan Sarip Bêsar | sarta sugata mêrnani | sawusnya tata linggih | Tuwan Sèh Ibrahim dangu | Wirasari kayapa | suwunge si dêlèr iki | ya ta matur Wirasari inggih tuwan ||

2. sami wontên panglurugan | inggih kang dipun lurugi | ingkang kula turkên tuwan | Pangran Arya Mangkubumi | kang madêg narapati | lawan karsane puniku | mangke pinukul ing prang | inggih kinarubut kalih | lan putrane Pangeran Mangkunagara ||

3. Tuwan Sarip duk miyarsa | iku priye Wirasari | manawa kasêlak rusak | miwah matia ing jurit | sapa sun candhak malih | tanah Jawa sida ajur | sira angupayaa | kang nêkakkên layang mami | apadene ingsun arsa tatêmua ||

4. Wirasari matur nêmbah | inggih tuwan kadipundi | wong sawêg ajêng-ajêngan | ingkang dipun utus ajrih | kalayan sônggarunggi | winastan karyaning mungsuh | yêkti manggih cilaka | tuwan dipun sabar kêdhik | petor bêsar nambungi lah inggih tuwan ||

5. dene satêngah arungan | kasihan ingkang tinuding | Tuwan Sarip Bêsar tanya | marang petor ing Samawis | petor sapa kang bêcik | manawa sira wus wêruh | kang padha duwe Jawa | saliyane Mangkubumi | petor matur kula tuwan dèrèng mirsa ||

6. mung sawêg siji punika | pratandhane yèn ajurit | dèrèng purun prang culika | sanadyan balane kêdhik | lamun tinonjok tulis | pinurugan mungsuh agung | yèn sampun sanggup mapag | rêmak-rêmpu dèn lakoni | mundur risak adate tuwan punika ||

7. yèn balane nuju kathah | ingkang amarani kêdhik | tinonjok sanggup tan mêdal | pan inggih tulus ngoncati | botên prang cidrèng gêndhing | wêkêl tuhu watakipun | Mangkubumi punika | liyane sami prang gêndhing | aprang cidra Pangeran Mangkunagara ||

8. tuwan waradin sadaya | papêrange trah Matawis | sawêg satunggil punika | Mangkubumi wus prajurit | nadyan watêke inggih | môngsa têbiha puniku | wau duk amiyarsa | suka Tuwan Sèh Ibrahim | padha lawan Wirasari tuturira ||

9. petor malih aturira | tuwan malih saprakawis | kang sampun umadêg nata | puniku gih tyase bêcik | alus budi lêstari | santosa maring Yyang

--- 108 ---

Agung | Sèh Ibrahim lingira | boya catur kang wus dadi | sisihane kang sun catur mèt prayoga ||

10. petor bêsar aturira | inggih dipun sabar kêdhik | kalamun sampun kantênan | pacampuhaning ajurit | kula ngupados nuli | ingkang pantês kula utus | sêdhêng mantun arungan | rèrèh tyase Sèh Ibrahim | ya ta kunêng gantya malih kawuwusa ||

11. Pangeran Mangkunagara | kang abaris Batutangkil | idêlèr baris sumêngka | sami tanah Sokawati | pangeran kirim tulis | Kudanawarsa ingutus | kanthi Ranadiningrat | bêkta tumênggung kêkalih | lan tumênggung nênggih Suramangunjaya ||

12. bêkta kêkapalan dhomas | prasamya milih turanggi | amung dhawuk lawan pancal | banderanipun sasupit | kathah saruwal abrit | sangkêlat kêstin baludru | sadaya pêpilihan | prajurite bêcik-bêcik | sami kuda dhawuk pancal lan palôngka ||

13. praptane baris sumêngka | dêlèr amêpak prajurit | aglar baris ngara-ara | upêsir lan pra dipati | atarab munggèng kursi | dêlèr munggèng tarub agung | lawan Pangran Pancuran | idêlèr sandhinge linggih | praptanira Dipati Kudanawarsa ||

14. idlèr ngadêg nèng taratag | amêthuk wau kang prapti | Dipati Kudanawarsa | cingak sagung wong pasisir | dhapure amantêsi | gagah rowa rikat bagus | kadya Bambang Swatama | dene punggawa kêkalih | Suramangunjaya lan Ranadiningrat ||

15. kadya Nangkula Sadewa | kalihe apêkik-pêkik | katri punggawa binêkta | wus sami lênggah ing kursi | nunggil Ki Adipati | Samarang dènira lungguh | sira Kudanawarsa | angaturkên surat aglis | wus tinampan idlèr lajêng anupiksa ||

16. sawusnya têlas winaca | urmat drèl baris Kumpni | gupênur nuduhkên sigra | marang Kudanawarsèki | lah Danawarsa iki | apa ta pangling sirèku | maring Pangran Pancuran | kagyat dongong sangêt pangling | sigra ngujung Dipati Kudanawarsa ||

17. punggawa kalih anulya | prasami mangsah ngabêkti | gumujêng Kudanawarsa | bêndara sampeyan nênggih | andadak kaki-kaki | asêpuh kula satuhu | kang mirsa sangêt cingak | dene botên kakang adhi | pêpatute kaya anak lawan bapa ||

18. gupênur alon wuwusnya | hèh Kudanawarsa iki | pangeran pikire iya | yèn uga patêmon mangkin | yèn kang rama miyarsi | yêktine sangêt angamuk | tan kêna tinadhahan | milanggung nglêlèdhèk mangkin | yèn apranga sadèrènge pêpanggihan ||

19. sayêktine mônda-mônda | kêna tinadhahan tipis |

--- 109 ---

iya sun nurut kewala | nuli amriha ngajurit | mêngko ana ing ngêndi | ingkang rama barisipun | taksih wontên ing Bancar | balanipun wuwuh malih | wong pasisir kalawan wong Surakarta ||

20. anakipun Pringgalaya | Pringgadiningrat ambalik | ambêkta samantrinira | mantri gêdhe tumut balik | mangkya kadya pangarsi | nèng Tinawas barisipun | dêlèr ngungun miyarsa | sakarsane wus nuruti | mring rêmbage Pangeran Mangkunagara ||

21. pinutus sagung bicara | rampung Kudanawarsa mit | kalawan sakancanira | mêdal sajabaning baris | sami nitih turanggi | wadya kuda wolung atus | anuju maksih Siyam | tanggal wolu likur nênggih | lampahira Dipati Kudanawarsa ||

22. wau ta sapraptanira | ing barisan Batutangkil | lajêng sowan ngarsanira | Pangran Mangkunagarèki | matur saha wotsari | ngaturakên tabenipun | dêlèr lawan kang raka | Pangran Pancuranirèki | salamipun inggih dhatêng ing paduka ||

23. ing mangke raka paduka | inggih sampun kaki-kaki | pangeran alon ngandika | iya mandi sapa mangkin | Danawarsa wotsari | pun Jawirangrong pukulun | ompong uwane samya | pangeran gumujêng bêlik | Danawarsa kang êmas apa prakosa ||

24. umatur Kudanawarsa | baluncing arêngkik-rêngkik | kados kêkathahên madat | biru pasêmon bakiwit | pangran gumujêng malih | prandene kudu kumênthus | akon ngêntèni ing prang | anyumbari ing kiyai | dibantinga macèthèt dadi nêmbêlas ||

25. gumêr kang sami nèng ngarsa | Kudanawarsa wotsari | pun dêlèr mangkê sumôngga | ing paduka apêpanggih | botên kadi rumiyin | asangêt pamêksanipun | mangke dhèrèk sakarsa | sampun marêm tyasirèki | dene kula kenging pêpanggih punika ||

26. ing benjing sampune bakda | anuntên umangsah jurit | nglanggar rama jêngandika | inggih angaturi aglis | pangeran ngandikaris | wong mungsuh kiyai iku | yèn ana lor bêngawan | aja wani anyabrangi | pan amungsuh iya wong sajagad-jagad ||

27. adat wonge desa samya | dadi mungsuh gêdhe cilik | têkan bocah angon ika | padha milu ngamuk bêngi | tan ana marentahi | dudu kiyai kang nuduh | dhasar padha wong desa | kudu padha ngamuk bêngi | ambêbingung karya rusak ing akathah ||

28. yèn kene lawan tan nyabrang | pasthi kyai anyabrangi | sayêkti sangêt bramatya | yèn rusaka

--- 110 ---

Sokawati | kunêng gantya winarni | kang anggung sungkawa nêkung | kang masanggrahan Bancar | Susunan Amangkubumi | sakalangkung anênêdha ing Hyang Suksma ||

29. pangunadikaning driya | yèn mangkene tanah Jawi | alawas nora raharja | apa ta durung pinasthi | mulyaning tanah Jawi | yèn tan winarisa ingsun | ngur ingsun cinupêta | besuk satêngahing jurit | yèn mangkene yêkti andêdawa wirang ||

30. sawadyane ingundhangan | padha salah ta kajati | anjungkung nêdhèng pangeran | mangkana Sang Adipati | Suryanagara nênggih | miyarsa pawarti katur | sangking nagri Samarang | yèn wontên caraka prapti | sangking ing Rum Jêng Sultan Muhamad Lekan ||

31. utusan amariksaa | risakipun tanah Jawi | apa ingkang dadi purwa | Sarip Bêsar kang tinuding | jêjêr prayayi Turki | gêng inggil siwêr abagus | nèng gêdhong petor bêsar | inggih kèndêle samangkin | angantosi prayogine kang dinuta ||

32. Kumpni ajrih sadaya | anggêpe sami anggusti | dhatêng Tuwan Sarip Bêsar | ingih Tuwan Sèh Ibrahim | warti duk sangking Turki | wadyanipun kalih èwu | punika mêmisanan | lawan Sultan Rum Ngadêli | ingkang nama Jêng Sultan Mukhamad Lekan ||

33. kumêpyur wardayanira | sang nata osik ing galih | apa ta iki dhawuha | iya pitulunging Widhi | rusake tanah Jawi | kapyarsa sangking nagri Rum | baya ta linuwaran | kêlême nagari Jawi | singa-singa iya kang dadi jalaran ||

34. sang nata alon ngandika | adhi Suryanagarèki | bêcik sira anêlika | marang nagari Samawis | yêktine kang pawarti | Suryanagara umatur | inggih langkung prayoga | Arya Jayèngrana aglis | nêmbah matur kawula adarbe magang ||

35. punika langkung prayoga | têtiyang sangking pasisir | kadi botên kawênangan | kadange wontên Samawis | ngandika sri bupati | iya undhangên ngarsèngsun | ingkang tinuduh mêdal | Jayèngrana animbali | lêbêtipun angirit kang badhe duta ||

36. sapraptanirèng ngayunan | dinulu langkung prayogi | abirawa asêmbada | lajêng dhinawuhan wêling | nêlika mring Samawis | ana caraka sangking Rum | iku waspadakêna | priye anggêping Kumpni | lah mangkata nêmbah kang dinutasmara ||

26. Asmaradana

1. kunêng malih kang winarni | Pangeran Mangkunagara | rêmbage lawan idêlèr | idlèr apan arsa nglanggar | nyabrangi lèr bêngawan | angêsuk saênggènipun | mring Susunan Kabanaran ||

--- 111 ---

2. pangeran rêmbagirèki | pratela wataking mêngsah | tinutur marang idêlèr | wong bumi kang pira-pira | wong desa dadi mêngsah | gêdhe cilik padha ngamuk | sabên bêngi pan wus adat ||

3. yèn inganti kidul kali | mungsuh iku lawas-lawas | yèn Sokawati rusake | sayêkti nuli anglanggar | Pangran Mangkunagara | pamit marang idlèr wau | arsa mring môncanagara ||

4. pisaha sakêdhap nuli | mungsuh iku banjur prapta | Kumpni ginêcak age | samôngsa badhe nabranga | kula anuli prapta | anggitik sangking ing pungkur | dêlèr anurut kewala ||

5. budhal sangking Batutangkil | Pangeran Mangkunagara | kêbut sawadyakusyane | tanggal kaping tiga Sawal | gumuruh wadyanira | anggêcêg nagri Madiun | angampiri Jagaraga ||

6. bupati ing Jagaragi | amêthuk ing prang sakêdhap | lajêng alorod mangalèr | Pangeran Mangkunagara | lajêng sabalanira | anggêcak nagri Madiun | wus prapta jajahanira ||

7. Madiun miyarsa warti | gègèr têpiswiringira | kadhatêngan mungsuh gêdhe | duk lagya amêpak bala | badhe bantu ngayuda | Pangran Dipati Madiun | têtulung mring Pranaraga ||

8. wande dhatêng Pranaragi | mantri tampingan turpiksa | mêngsah punika wartane | inggih raka jêngandika | Pangran Mangkunagara | langkung gêng dêdamêlipun | pangran dipati miyarsa ||

9. kang raka dipun aturi | Pangeran Purwanagara | sapraptanirèng dalême | pangran dipati ngandika | kakang Purwanagara | gêdêre mungsuh kang rawuh | kang êmas mikunagara ||[8]

10. Purwanagara nauri | adora warti punika | mriki punapa damêle | wong sawêg ajêng-ajêngan | lan rama jêngandika | wong warta liwat agadur | amrih gêgirisi mêngsah ||

11. Purwanagara nulyamit | wontên mantri malih prapta | langkung pratela ature | èstu raka jêngandika | piyambak ingkang tindak | langkung gêng dêdamêlipun | pangeran dipati sigra ||

12. siyaga sawadyanèki | budhal dhatêng wismanira | Pangran Purwanagarane | prapta pangeran ngandika | kakang lah dawêg kesah | dede wadine kang mungsuh | amopo Purwanagara ||

13. pinaksa ingajak gingsir | Pangeran Purwanagara | nanging maksa pamopone | ature Purwanagara | sampeyan langkung karsa | suwawi kula tut pungkur | ing saonjotan kewala ||

14. budhal pangeran dipati | Pangeran Purwanagara | ngatêrakên ing

--- 112 ---

lampahe | dupi antuk saonjotan | wangsul Purwanagara | sapraptaning dalêmipun | kêbêk wong ngili busêkan ||

15. para mantri angaturi | luhung anggèr gumingsira | kang mêngsah dede bobote | Pangeran Purwanagara | bêkuh tan purun kesah | tinangisan rabènipun | ingajak angoncatana ||

16. nanging puguhe kapati | maksa maido kewala | Si Ranadiningrat bae | agawe-gawe lok ika | tan adangu gumêrah | mungsuh praptèng ngalun-alun | turôngga tanpa wilangan ||

17. lajêng angêpung bathithit | angubêngi pagêr bata | Purwanagara balane | kathah malêduk sar-saran | binujung maring mêngsah | amung sèkêt balanipun | kang muwêr tumut jro bata ||

18. akèn nabuh Carabali | Pangeran Purwanagara | mungsuh prapta sami kagèt | Pangeran Mangkunagara | wau duk amiyarsa | kang Carabalèn angungkung | kang langkung bramantyanira ||

19. ing ngalun-alun wus prapti | wadya kinèn angrampida | amadung lawang korine | mènèk ing pagêre bata | wadya ngarsa turira | rayi paduka wus dangu | lolose ngalèr angetan ||

20. dene kang kantun puniki | amung pun Purwanagara | kang anatab Carabalèn | pangran langkung dukanira | wadya parêng tumandang | angandhani banonipun | ana kang madungi lawang ||

21. wus bujad lawangirèki | jinêjak ing Ônggaima | pan Walônda mantri jêro | satêdhake sangking kuda | tumut prajurit ngarsa | Ki Ônggaima malêbu | sarwi anyangking sanjata ||

22. kang wetan kalêbon nuli | ingkang manjing bêbutulan | lajêng acampuh prang rame | Pangeran Purwanagara | maksih anabuh kêndhang | lêbête Ônggaimèku | angadêg Purwanagara ||

23. durung nyandhak waosnèki | maksih nyêkêl tabuh kêndhang | kêndhange kang Carabalèn | sigra wau Ônggaima | Pangran Purwanagara | sinanjata nginggil susu | watgata lajêng aniba ||

24. Ônggaima malayoni | kancane nusul wus kathah | malêdug wadyabalane | ingkang kacandhak wolulas | kang sami pinêjahan | ingkang kathah-kathah tumut | prasami kacandhak gêsang ||

25. Ônggaima angakahi | ing Pangran Purwanagara | lajêng pinocok sirahe | akathah bandhanganira | kancane jawil sigra | hèh Ônggaima sirèku | wis-uwis lah undurana ||

26. iku kang sira patèni | sêntanane gustènira | ibune kang mati kuwe | pan putri Kaèrucakran | Pangeran Èrucakra | kadange susunan prabu | dadi iku

--- 113 ---

sanak misan ||

27. kalawan gustinirèki | Ônggaima duk miyarsa | sumiyat pucat ulate | wus katur marang pangeran | pêjah Purwanagara | Ônggaima praptèng ngayun | bongkok pêdhang dhuwungira ||

28. pangeran kagyat ningali | wontên atur Ônggaima | kang mêjahi pangerane | nênggih pun Purwanagara | dèrèng wruh yèn santana | ing mangke sawêg angrungu | mila atur pêjah gêsang ||

29. pangeran gumujêng bêlik | asru dènnya angandika | Ônggaima aja kowe | iya dadak kasusahan | nadyan iku sêntana | ujêr dadi satruningsun | bôngga wajib pinatenan ||

30. lah iya bêkjanirèki | saparabote kang kêna | wus sah duwèkira kabèh | lêga tyase Ônggaima | tur sêmbah kaping sônga | gumêr kang sami andulu | panêmbahe Ônggaima ||

31. Radèn Sumadirja prapti | apan sampun pinaringan | nagri Madiun saparo | lungguh anèng kasêpuhan | nama gêntèni rama | Pangran Mangkudipurèku | dene Madiun kanoman ||

32. arine kang anglungguhi | nama Radèn Sumadirja | limang èwu kanomane | pitung èwu kasêpuhan | sawusnya pêparentah | Pangran Mangkunagarèku | budhal maring Pranaraga ||

33. pangajêng budhale enjing | wuwusên ing Pranaraga | Pangran Mangkudiningrate | prapta kidul Pranaraga | anjog sangking ing arga | pinêthuk prang rame campuh | lawan Radèn Surabrata ||

34. langkung dènira gagahi | Ki Tumênggung Surabrata | mila ngantêb kuwanène | kawratan ing Danakrama | sang natèng Kabanaran | mila labuh rêmak rêmpu | suka mati ngayahan prang ||

35. ing sabên dina ajurit | lan Pangran Mangkudiningrat | datan gingsir ing yudane | dadya tan bisa anênga | Pangran Mangkudiningrat | nètèr pinggir wukir kidul | pêngkuh prange Surabrata ||

36. wontên mantrine tur paksi | marang Radèn Surabrata | anggèr punika wartane | dêdamêl sangking lèr prapta | Pangran Mangkunagara | mêntas bêdhah ing Madiun | pêjahe Purwanagara ||

37. luwung suwawi gumingsir | kasupit ênggèn punika | Surabrata lingiralon | paman Rôngga Sutadipa | lingsêm kula oncata | pan dèrèng katingal mungsuh | matur Rôngga Sutadipa ||

38. yèn katingal kadipundi | Pangeran Mangkunagara | dene sêsanggan balane | angling Radèn Surabrata | lamun mangkatên paman | rêrepot wadonan iku | gawanên mungggah ing arga ||

39. wong arêp andika kêrig | ngiring rêrepot sadaya | kula

--- 114 ---

dika tinggal bae | wong pitung atus turôngga | kang sami pêpilihan | wonge lawan kudanipun | wus bubar ungkur-ungkuran ||

27. Pangkur

1. kang ngili lan ingkang mapan | Surabrata sampun angèsthipati | amung kuda pitung atus | patang rakit bandera | Surabrata ambêndhe nglanggar mangidul | wadya Mangkudiningratan | panganjure anadhahi ||

2. sinarêmpêng sampun dhadhal | kagegeran sami minggah ing wukir | wau Rahadèn Tumênggung | Surabrata barisnya | majêng ngilèn pamrihe sami pakantuk | mung êlor lamun praptaa | sayêkti sami kaèksi ||

3. Pangeran Mangkunagara | barisira kèndêl nèng Kaliasin | andangu mantri pangayun | kang rayi ênggènira | dèrèng ngancik nagari maksih nèng gunung | apêngkuh wong Pranaraga | Surabrata kang nadhahi ||

4. langkung bramatyaning driya | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | ginêlak ing lampahipun | praptanirèng jro kitha | mantri ngarsa prasamya majêng mangidul | kapêthukan barisira | Surabrata anadhahi ||

5. arame dènira yuda | Surabrata ngundhangi wadyanèki | payo ajana lumayu | sêrodên ing ngayuda | anindhihi gumêrgut sarêng amuwus | mêngko padha lumayua | yèn wus katon payung kuning ||

6. yèn padha Jawa kewala | alêksana apa gawe ngoncati | pangarsa prangira nubruk | êdir pangrasanira | gêtas bae Pranaraga adatipun | mangkya tinunjang apanggah | anyêrot anunjang wani ||

7. kagum kagèt tan anyana | Pranaraga prange bôndakalani | pangeran wau kawuwus | duk arsa masanggrahan | jroning kitha pangarsa kawon prangipun | malêdug kathah kabranan | pangeran têngara aglis ||

8. wande makuwon jro kitha | pan kasusu tulung bala pangarsi | bodhol sawadya angidul | Tumênggung Surabrata | duk tumingal ana payung kuning mêtu | asuwarèng wadyanira | payo ngèrèk ngetan aglis ||

9. binêrêg wong jro angetan | dupi cêlak wana sarêng nyamêthi | turôngga kèh sarêng mamprung | ilang manjing ing wana | ting balêsar kathah kang minggah ing gunung | wangsul angilèn pangeran | masanggrahan sawadyèki ||

10. anèng dhusun Kasatriyan | pinggir lèpèn alit ragi atêrbis | wadya makuwon sadarum | kang rayi wus miyarsa | Pangran Mangkudiningrat sabalanipun | wus nunggil anèng Satriyan | lawan kang raka wus panggih ||

11. wau ta kang kawuwusa | kang abaris Bancar sri narapati | andadosakên kang rêmbug | ngêlar-êlar jajahan | Ki Tumênggung Alap-alap kang tinuduh | lan [la...]

--- 115 ---

[...n] Radèn Pringgadiningrat | katiga Dipadirjèki ||

12. sami kinèn mêndhêtana | tanah Pajang urut Gondhang ing Wêdhi | Pamasaran wukir kidul | ing Pedan sapangetan | tri punggawa kêkapalan kawan atus | wus budhal sangking ing Bancar | mas rôngga ingkang winarni ||

13. sangking pabarisan ngarsa | wontên prapta sangking môncanagari | Pangran Mangkunagarèku | Madiun wus binêdhah | pangerane Madiun kacandhak lampus | buh kanoman kasêpuhan | pangerane kang ngêmasi ||

14. mas rôngga sumiwèng ngarsa | nêmbah matur pukulun sri bupati | pêcah nagari Madiun | pangeranipun pêjah | duka dalêm kang anèm tuwin kang sêpuh | Sri Bupati Kabanaran | wau kalane miyarsi ||

15. kalangkung bramatyanira | angundhangi sagung kang pra dipati | budhalan marang Madiun | enjing sigra têngara | sakathahing prajurit samya akumpul | sumrêg budhal sangking Bancar | anyabrang bêngawan aglis ||

16. Gêrogol kidul bêngawan | kèndêl sangking randhat panyabrangnèki | duk bêna bêngawanipun | môngsa ing rêrêndhêngan | sangking kirang ing baita ana lêsung | ingkang kinarya anyabrang | ana kang karya gèthèk pring ||

17. tigang dina tungtasira | wus akumpul ing Gêrogol prajurit | kang wadya sami tinantun | wani ingadu aprang | lan bature Si Mangkunagara iku | yèn wêdi padha karia | yèn wani barêng lan mami ||

18. umatur purun sadaya | angandika wau sri narapati | padha undhangna wadyagung | sun jabêl paring ingwang | Adipati Mangkunagara puniku | padha sira ngaranana | Si Suryakusuma mangkin ||

19. wadyagung matur sandika | budhal sangking Garogol têngah wêngi | margi anasak wanagung | rêngkêt angèl kalintang | pêtêng-pêtêng pan ginêlak lampahipun | wau lampahe sang nata | langkung angowah-owahi ||

20. sarêng byar kèndêl nèng Karas | ngara-ara wadya pating kulicir | nuntên wontên wong Madiun | prapta atur wuninga | kang wus pasthi Pangran Purwanagarèku | pêjah wontên palataran | wolulas rencange mati ||

21. dene putra padukendra | ngalèr ngetan lolosipun rumiyin | sampun kêdhik abdinipun | malajêng ting balêsar | kilap inggih rusak lan basukinipun | dèrèng wontên kang awarta | duk miyarsa sri bupati ||

22. kalangkung bramatyanira | sigra Gêndhong lan Ranawijayèki | kinèn amisah angruruh | sami lampah anamar | sigra munya têngara budhal gumuruh | sangking Karas lampahira | sadina êmpêt lumaris ||

23. kèndêl rêp anulya budhal | praptanira ing Bayêm têngah [têng...]

--- 116 ---

[...ah] wêngi | wontên prapta wong Madiun | tinanggap aturira | yèn Pangeran Mangkunagara wus laju | sampun wonên[9] Pranaraga | aprang lan Surabratèki ||

24. Surabrata wus kasoran | rencangipun kathah pêjah myang kanin | duk prang lan pangeran timur | apan dèrèng kasoran | kawonipun lan Pangran Mangkunagrèku | kang amukul sangking wuntat | duk miyarsa langkung runtik ||

25. tan nganggo têngara budhal | kang wadyagung tan ana kobêr bukti | miwah tan kobêr aturu | lan sangu sami pisah | sarêng êbyar praptanira ing Madiun | Pangran Dipati Bintara | praptane marêbês mili ||

26. nanging tan purun matura | Pangran Mangkukusuma sami sêdhih | tuwin kang para tumênggung | sami pucat sadaya | Pangran Natakusuma sami tan purun | mas rôngga kêkês kewala | pra dipati langkung jêgrig ||

27. wau kang darbe nagara | ing Madiun rawuhe sri bupati | pan kasusu kawur-kawur | nusul mring Pranaraga | sapraptane kasatriyan wanci surup | lajêng marêg ing ngajêngan | matur ngaturi udani ||

28. yèn rama paduka prapta | Pangran Mangkunagara duk miyarsi | kagyat ir ing dalu gupuh | nimbali pra dipatya | Ki Dipati Kudanawarsa nèng ngayun | Janingrat lan Janapura | miwah ingkang para mantri ||

29. pangeran alon ngandika | kayaparan kiyai iki prapti | wong wadonan besuk esuk | dèn esuk budhalêna | mêtu gunung anjog ing Pacitan iku | angulon anjog Wiraka | mandhêga Sêmbuyan sami ||

30. pangeran malih ngandika | kayaparan Kudanawarsa iki | apa oncat apa magut | matur Kudanawarsa | yèn suwawi luwung oncata pukulun | yèn rêmbag kônca punggawa | dawêg umatura sami ||

31. prasamya kèndêl kewala | sigra pangran wau ngandika malih | kiyai mungsuh lan ingsun | cingcing môngsa kobêra | sawab misih anggang-anggang tarungipun | ingsun wus nêmah wus nekad | pan ingsun anêdya mati ||

32. bocah mantri jro yèn nêdya | têmên-têmên iya sun ajak mati | mantri jro sarêng umatur | sandikane gumêrah | ya jinajal yèn enak lagutanipun | yèn ora enak lumajar | anusul wadonan benjing ||

33. wus dadi pirêmbagira | dalu-dalu busêkan wong pawèstri | udan riwis-riwis dalu | banjir kali Satriyan | langgung[10] agêng lèpène alit tarêjung | dalu undhang karya sasak | kênoa kambah yèn enjing ||

34. wuwusên natèng Banaran | nèng Madiun tan dangu kèndêlnèki | lajêng budhalira jujul | dhatêng ing Pranaraga | ngangah-angah

--- 117 ---

kadya lampahira prabu | nulyage têmpuha ing prang | ilang jatmikaning ngèlmi ||

35. ngalamat badhe kasoran | sarwa supe wêwatak nguni-uni | bubaran babar têkabur | ngawuskên sêdyanira | yèn nêmêni durung dèrèng ngakên darung | mêthik maria kumêthak | mung niyat nuthuk sathithik ||

36. tan anyana yèn kang putra | nêdya nekad anêmah anêmêni | praptèng Pranaraga bangun | wadyane pinarênca | ngêpung bata sang nata kang mêtu ngayun | kapanggih suwung kewala | tan ana manungsa siji ||

37. langkung cuwa ing tyasira | nulya undhang ngumpul sagung prajurit | kèndêl anèng ngalun-alun | sarêng duk praptanira | ingkang putra pangeran dipati nusul | mung bêkta wadya sadasa | marêg ing rama wus panggih ||

38. rinangkul wau kang putra | matur kala binabujung ing jurit | kang rama nyêgah ing atur | uwis aja dinawa | angrêrudah ing tyas amuwuhi nêpsu | kèndêle angantosi byar | sarêng byar manggih wong siji ||

39. wong Madiun sikêp minggat | wus cinêkêl anulya dèn takèni | saure wontên ing ngriku | Pangran Mangkunagara | kidul kilèn dhusun Satriyan gènipun | dhusun Têgal Ampèl lèrnya | sampun rakit ngati-ati ||

40. katur sigra pêparentah | aprang dharat prajurit kang prayayi | prajurit cilik puniku | kang sami nitihana | panggonane jaban pangawat puniku | sangking alun-alun mêdal | sapraptanira ing sabin ||

41. tinata pêngawatira | Rôngga Suryanagara têngênèki | kang kiwa pêngawatipun | pangeran ing Bintara | Pangran Mangkukusuma kanthènirèku | Pangeran Natakusuma | Pangran Pakuningrat nunggil ||

42. pangran ngabèi kinarya | lan kang raka pangeran adipati | pangirit ing ngarsa prabu | prajurit Suranata | mantri miji kaparak ing wuri prabu | pinilih lan brajayuda | kang munggèng ing kanan kering ||

43. cêlak lawan sri narendra | sinuwaran budhal sagung prajurit | saengga alun gumulung | Pangran Mangkunagara | sabalane wau duk miyarsa gugup | matah kang môngka pêngawat | kanan Kudanawarsèki ||

44. lan Jayaningrat Mataram | Jasêmbodra pangeran timur kering | Janapura kanthènipun | sami ngigil[11] turôngga | Pangran Mangkunagara kalingan dhusun | lan mantri jêro kewala | nênggih sêdyane ngunduri ||

28. Durma

1. pan kasusu Pangeran Mangkunagara | dènnya nata prajurit | mungsuh sêlak prapta | kang dèrèng nyabrang ngetan | prajurit saragni abrit | lan pêrang tandang | saragni irêng sami ||

2. ingkang lajêng campuh [ca...]

--- 118 ---

[...mpuh] rumiyin pêngawat | Danawarsa ginitik | mring Suryanagara | kanthi lawan Mas Rôngga | Kudanawarsa akanthi | lan Ki Dipatya | Janingrat ing Matawis ||

3. rame campuh ing prang sami suranira | rame bêdhil-binêdhil | mas rôngga kalawan | Radèn Suryanagara | nêrot angrukêt prajurit | Kudanawarsa | lan Janingrat kalindhih ||

4. binalêdik ing Rôngga Suryanagara | pangeran duk ningali | yèn Kudanawarsa | Janingrat wus kasoran | mangsah lan kapêdhak ngampil | wontên sadasa | têtulung ing ajurit ||

5. Wirarana munggèng kerine mas rôngga | ya ta pinestul aglis | marang ing pangeran | wêntisira kang kêna | tan pasah nanging asakit | Ki Wirarana | ingundurakên aglis ||

6. Danawarsa Janingrat sami wuninga | yèn pangeran nulungi | sami wangsul sigra | Pangran Mangkunagara | datan angagêm jêmparing | amung sanjata | kumat encok astèki ||

7. wus binêrêg rôngga lan Suryanagara | keron dènira jurit | dene Wirarana | kabranan pupu kiwa | sampun binêrêg ing jurit | pêngawat sêmpal | kang kering têmpuh aglis ||

8. Pangran Mangkudiningrat lan Janapura | wus campuh kang anggitik | Pangeran Bintara | Pangran Natakusuma | rame ulêngan ing jurit | kang munggèng dhadha | sang nata marentahi ||

9. payo bocah pinilih lan Suranata | miwah Brajayudèki | têmpuhên kang ika | baris sinang baranang | gone Suryakusumèki | sarêng umangsah | cêlak kalangan kali ||

10. kali banjir prasamya tantang-tinantang | Suranata gêbyuri | ingkang sami lanas | pinilih Brajayuda | kang wus nyabrang campuh sami | ingamuk bubar | wong prang tandang saragni ||

11. rinewangan prang lèrès inggil turôngga | abêr ingkang angungsir | dharat lawan sayah | dènnya mêntas lêlampah | rina wêngi têlung bêngi | tan ana mangan | lajêng gêbyur ing kali ||

12. kang kalêbus akèh tan bisa lumampah | bêrêg jeprok pribadi | bêdhil bari lênggah | tan ana ingkang angsal | wong jeprok binêdhil kêni | wong arip sayah | tatu kêdhik ngêmasi ||

13. sangking kathah kang pêjah gampil kewala | nulya sami kaèksi | ingkang sinabrangan | dede goning pangeran | inguwuh wangsula malih | wangsul sadaya | binêrêg ing turanggi ||

14. ting saleyor tan ana kêras lumajar | tan kongsi nabrang siji | kacandhak sadaya | wontên wong pitung dasa | tumpês mung dadi sak sabin | sabin sakothak | kunarpaning prajurit ||

15. bêcik-bêcik patine gampang kewala | ukur kacuwik mati | wong kang sami

--- 119 ---

sayah | ngêlih sarta karipan | ilang bayuning ajurit | rêkasa mêksa | wau ta kang ajurit ||

16. mantri jêro kang sami alingan desa | ingkang dèrèng ajurit | ngarompol nêm dasa | Midigda Katawêngan | ranu rumênggèng Hyang Rawi | lila mangarsa | arsa umangsah jurit ||

17. kawistara ing rama dènnya kang putra | kèndêl atata malih | amapag angrupak | campuh ramening yuda | Pangran Mangkunagarèki | wingkinging bala | alingan kopad-kapit ||[12]

18. alok êsêm lamun sira lumayua | iya kapêngkok wukir | nadyan dudu sanggan | ing prang payo anekat | bêja mati bêja urip | wadya miyarsa | umangsah ambêg pati ||

19. caruk rukêt ing prang gumuruh wurahan | akathah kang ngêmasi | wadyane kang rama | Wangsèngsari palastra | miwah Kaji Têpsirodin | bêbêcikira | Suranata pinilih ||

20. Ki Mukidin Purwadipura palastra | Ngalimun taha mati | rusak barisira | nirbaya jagabaya | prajurit kaparak sami | kèngêr ing gêlar | ing prang tanpa ngundhili ||

21. kanan keringira sami kaparapal | amung gèn sri bupati | ingkang misih wêtah | pan kinitêr kewala | nêmpuh kanan kering wuri | nira sang nata | wuwuh-wuwuh kang mati ||

22. Pangran Mangkukusuma binêdhil kêna | niba sangking turanggi | katur ingkang raka | sakala langkung duka | angêmbat lawung kumitir | angungak-ungak | kang putra dèn ulati ||

23. Pangran Mangkunagara nora katingal | pijêr amobat-mabit | ngimpun prajuritnya | singa kang mandhêlonga | sêkala dipun jêjêgi | dadya akêkah | sadangunira jurit ||

24. sigra wau Pangran Dipati Bintara | umatur saha tangis | ring raka narendra | suwawi ingoncatan | inggih wadya padukaji | kathah kang tiwas | dhuh kakang prabu aglis ||

25. nulya sri narendra ngingêrakên kuda | pan arsa anuruti | marang aturira | nênggih Pangran Bintara | sumyur wadya kang dèn ungsir | ingkang atahan | tan pisah lawan gusti ||

26. pan ingungsir binendrongan ing sanjata | nênggih samargi-margi | wau pêjahira | Radèn Suraprameya | sadèrènge nabrang kali | dangu kapisah | kalawan sri bupati ||

27. tinututan ngamuk kinarubut kathah | dènira angêmasi | wau sri narendra | kapêngkok lampahira | wadya sakarine mati | sadaya samya | kinèn nabrang rumiyin ||

28. ing bêngawan sêrikêd akulithihan | dèrèng nabrang kudèki | pangeran ngandika | lah mara bêdhilana | Kudanawarsa udani | lamun pangeran | marang kang rama lali ||

--- 120 ---

29. sigra marêg Danawarsa praptèng ngarsa | pan sarwi anapihi | wong kang anênjata | sarwi matur tur sêmbah | dhuh gusti paran puniki | karsa paduka | dhumatêng ing ramaji ||

30. damêl seda sangking margi siya-siya | botên arus ing bumi | inggih yèn paduka | gusti angarsakêna | botên aprang malih-malih | lan rama tuwan | kula kang sagah mangkin ||

31. kula sagah ngengingkên rama paduka | inggih botên amargi | sangking siya-siya | pangeran angandika | anut ing Kudanawarsèki |[13] lah iya bocah | prajurit sadayèki ||

32. aja mêlak mring kiyai ngandhêgana | dimèn nyabrang dèn ririh | mêngko yèn wis nyabrang | nuli kinthilên padha | wau sagunging prajurit | kèndêl sadaya | wus nabrang sri bupati ||

33. balanira ingkang nututi anabrang | pinêlak ing turanggi | anggêbyur ing toya | kèli kathah kang pêjah | pra sêntana pra dipati | nabrang sadaya | kumpul lawan sang aji ||

34. wontên kalih atus kumpule kang yuda | wadyanira sang aji | satus ingkang dharat | lajênging budhalira | prapta rêp anèng Sumampir | kèndêl sadaya | nênggih ngantosi abdi ||

35. ingkang sami kapisah kathah kang prapta | dupi ing têngah wêngi | budhal saha bala | limang atus wus ana | duk kumpul anèng Sumampir | mangke kèndêlnya | ing Tulung sri bupati ||

36. Pangran Mangkunagara wau kèndênya[14] | sakiduling Sumampir | langkung sukanira | unggul dènira yuda | Kudanawarsa ngaturi | kêkalih mêngsah | ingkang kacandhak urip ||

37. namanira Ki Bênêr lan Ki Jaraga | inggih Jaragangukir | pangeran ngandika | ingsun siji kewala | Si Jaraga tukang ngukir | Si Bnêr ika |[15] rawatana pribadi ||

38. byar raina sangking Tulung budhalira | wau sri narapati | angalèr ngilènnya | Pangran Mangkunagara | budhal sangking ing Sumampir | nèng Tulung dènnya | makuwon manggih manis ||

29. Dhandhanggula

1. kawuwusa wau kang lumaris | natèng Kabanaran pan sadina | dhusun Sumambung kèndêle | tanah bumi Madiun | ingkang kilèn watêse nunggil | lawan ing Jagaraga | êlèr kilènipun | langkung rujit kang wardaya | kang kaetang dhawuh dêdukaning Widhi | angas têkabur ing tyas ||

2. kang sumêlang tyasira nrêpati | putra jalu apan kalih pisan | dèrèng kantênan wartane | gêsang lan sedanipun | duk apisah madyaning jurit | kang abdi kathah-kathah | wus sami akumpul | kang prapta duk kèndêlira | ing Sumpir wontên tigang atus nênggih |[16] ingkang katawur samya ||

3. nèng Sumambung dèrèng [dè...]

--- 121 ---

[...rèng] kèndêl prapti | mung kang putra kalih datan prapta | pangran adipati anèm | kalawan arinipun | wau sira Pangran Ngabèi | tyasira mawuyungan | ngurêng rêntêngipun | tan antuk dhahar lan nendra | prapta wau nênggih ingkang punggawa tri | rumiyin kang dinuta ||

4. ngirup-irup ing bawahirèki | Pangran Dipati Mangkunagara | kang dèn ikut jajahane | kathah têlukanipun | kang binêkta sowan sang aji | nêdya mring Pranaraga | kapêthuk Sumambung | Ki Tumênggung Alap-alap | sami ngujung kalihe Dipadirjèki | katri Pringgadiningrat ||

5. kêkapalan kalih èwu nênggih | angsalira bupati katiga | Alap-alap kapalane | sadaya wolung atus | Ki Tumênggung Dipadirjèki | nêmatus kang turôngga | pan prajuritipun | Tumênggung Pringgadiningrat | gih nêmatus prajurit ingkang turanggi | dharatipun akathah ||

6. langkung asrêp tyasira nrêpati | dadya rèrèh kongsi tigang dina | anèng Sumambung lamine | nulya wau anuduh | angulati kang putra kalih | sira Arya Panatas | anamur tinuduh | lan Dêmang Gogangdhalungan | Dêmang Bulukumêndhung lan Rajêgwêsi | kapat sami anamar ||

7. sigra budhal wau sri bupati | sangking ing Sumambung saha bala | lampahira ngalèr ngilèn | anèng marga sadalu | ya ta wau enjinge prapti | dhusun ing Sokawatya | Sumbêran ranipun | masanggrahan saha bala | ngarêm-arêm sagunging para prajurit | gêladhi ngara-ara ||

8. ingkang ibu anèng Rancang prapti | sêkêl malih kang putra sor ing prang | kang wayah ilang kalihe | nulari sang aprabu | kambuh kambah kadhudhah sêdhih | raga rug kawigaran | wiyoga agiyuh | numpêg manaput ing driya | darawasèng sandea tyasira tistis | matis anrus tan kentas ||

9. kunêng kang anggung sungkawèng galih | jungkung salat natèng Kabanaran | lawan sagung prajurite | wau ta kang winuwus | Pangran Mangkunagara mangkin | ingkang amasanggrahan | wontên dhusun Tulung | lor wetaning Kamagêtan | kidul kilèn sangking Madiun nagari | lèr kilèn Pranaraga ||

10. dangu marang Kudanawarsèki | pira kèhe pêpati sadaya | Kudanawarsa ature | inggih duk mêntasipun | sangking aprang dipun cacahi | kapanggih gangsal bêlah | kajawi pukulun | Rahadèn Suraprameya | miwah Radèn Purbanagara kêkalih | pan amung gangsal bêlah ||

11. inggih punjulipun pan kêkalih | dupi sadalu enjing cinacah | kula kèn mangsuli malèh | akêdhik ingkang kantun | amung sèkêt kirang kêkalih | tilasipun mêrkangkang | inggih kesahipun | anuhun dèrèng kaduga | inggih wontên kapanggih dhusun [dhu...]

--- 122 ---

[...sun] kêkalih | kang dèrèng pati bagas ||

12. tinakenan inggih botên kikib | sarêng mambêd dalu kèh marangkang | sami ngulari kancane | punika wêrtinipun | jêng pangeran jêtung miyarsi | lah batur kang kabranan | ana banjur lampus | apa iya banjur waras | Ki Dipati Kudanawarsa turnyaris | sakawan lajêng pêjah ||

13. kang sadasa lajêng sarasnèki | dadya nênêm têtêpe kang pêjah | sasat pêjah ing ajange | sami lan pêjahipun | gih pun Jayaprameya sami | lan pun Gunawaskitha | ing upaminipun | pati tan kenging ingakal | paran mêngko ing bêcike laku iki | banjur apa mandhêga ||

14. aturira Kudanawarsa ris | yèn ing lampah lajêng umantuka | dhatêng Pajang Mantarame | kangelan tan pakantuk | pan ing bumi môncanagari | dèrèng wontên palihan | ingkang sami suyut | kathah ingkang sami trêsna | pra dipati ing rama tuwan sang aji | suwawi tinêngganan ||

15. ing sawulan kewala ta gusti | tata-tata umacak punggawa | angupados priyogine | wontêna kanthènipun | Pangran Mangkudipura nênggih | mênggah môncanagara | gusti inggih amung | Pangeran Mangkudipura | ingkang sampun kèringan ing kanan kering | prawiraning sudira ||

16. sigra Pangran Mangkunagarèki | yèn mangkono lah payo budhalan | maring Pranaraga manèh | datan kawarnèng dalu | enjing budhal sawadya atri | praptaning Pranaraga | wau kang jinujug | sakidul wetaning kitha | dhusun Wanakarta kang dèn pasanggrahi | wadyagung pamondhokan ||

17. Pangran Mangkudipura ngaturi | kadang ipene ingkang lêlêgan | apan ing nguni randhane | Pangran Silarongipun | inggih dèrèng arsa akrami | antuk kusuma desa | punika tan purun | sumanggèng karsa paduka | nadyan inggih kaparingna para mantri | mijil lajêng paduka ||

18. Pangran Mangkunagara lingnyaris | ingsun eling iya Danawarsa | si paman Purubayane | ngundhêr nèng Gunungkidul | duk tinukup kongsi barindhil | wong ora duwe bêja | cilakane muput | hèh kaki Kudanawarsa | kongkonana si paman Purubayèki | praptaa Pranaraga ||

19. kon angatêr punggawa sawiji | Si Tumênggung Suramangunjaya | kabèh lan sagêgamane | Danawarsa wotsantun | sigra nuding mantri kêkalih | ing marga tan kawarna | praptèng Gunungkidul | panggih Pangeran Purbaya | wus binakta ing marga datan kawarni | praptaning Pranaraga ||

20. lajêng sumiwèng ngarsanirèki | Pangran Mangkunagara ngandika | paman paduka ing mangke | asiliha jêjuluk | inggih nuli paduka rabi | putri [pu...]

--- 123 ---

[...tri] ing Pranaraga | apan randhanipun | paman Silarong duk kina | inggih dèrèng imah-imah malah mangkin | yèn tan antuk pangeran ||

21. dene jêjuluk paman samangkin | Pangeran Arya Cakranagara | manawi wontên bêjane | nama Purubayèku | salamine katoring-toring | padha angèstrènana | sagung pra tumênggung | sadaya saur kukila | duk puniku pangeran wus ningkah aglis | lan putri Pranaraga ||

22. ya ta kunêng kawuwusa malih | Kêdhu Pagêlèn lawan Mataram | Sakèbêr maju barise | sampun tilar ing Kêdhu | amangsuli bumi Matawis | gunung Gamping barisnya | ajêjagang kukuh | tarub kabèh wong Mataram | Kyai Surajênggala lan Rajaniti | kang ngêmbani Walônda ||

23. pun Kapitan Sungrat kang tinuding | baris ngajêng anèng Parambanan | ênggèn pangajêng lamine | Kulman pan Dêr Pol Kêdhu | Mangkuyuda ingkang jagani | Paglèn Kapitan Bagrak | sumambitèng laku | Ki Tumênggung Arungbinang | duk puniku angaturakên pawarti | marang Kapitan Bagrak ||

24. sabalike Mangkunagarèki | marang idlèr saiki wus pêrang | Susunan Mangkubumine | kinarubut ro iku | dêlèr Pangran Mangkunagari | Susunan Kabanaran | wus kasor prangipun | rêmpu balane kèh pêjah | Tuwan Pangran Mangkukusuma ngêmasi | kasambut ing ayuda ||

25. mêksih tumut kang raka sang aji | Pangran Purbaya milu Pangeran | Mangkunagara balike | Kapitan Bagrak muwus | dadi êntèk mungsuh puniki | yèn Mangkubumi rusak | sapa manah mungsuh | nauri Kyai Rungbinang | salawase mungsuh kang bôndakalani | mung siji iku iya ||

26. ya ping pira-pira mring Kumpni | Mangkubumi rusak pinukul prang | lèrèna rong sasi bae | nulyakèh balanipun | banjur aprang amêmalahi | aja kokira-kira | karusakanipun | lamun trah rajèng Mataram | karo badan tan kêna dèn majanani | ngungun Kapitan Bagrak ||

27. duk sêmana Pagêlèn arjaning | pabarisan wus kadi nagara | Sêgaluh pelak patute | pasar agêng ing ngayun | malah dagang Samarang prapti | tuwin Pajang Mataram | dadi joganipun | akèh nungkul pra dipatya | para mantri numbakanyar kabèh prapti | nungkul mring Arungbinang ||

28. Kapitan Bagrak Pêrlos sinalin | ingkang dadi sangking Batawiyah | binisikan Kapitan Sèl | Kapitan Bagrak sampun | budhal mantuk marang Bêtawi | ngungun ingkang

--- 124 ---

tinilar | malih kang winuwus | sultan ing Bantên kèwêdan | wontên Gowong panggenanira sasupit | ing kiwa têngên mêngsah ||

29. kancanipun ingkang tunggil baris | kang pra dipati bubar kewala | nging maksih madêg barise | wontên Gowong puniku | botên nungkul marang Matawis | maring Pagêlèn nora | miwah maring Kêdhu | lan Tumênggung Mangkudirja | kanthinira dèrèng wontên nêdya gitik | kalangkung susahira ||

30. Sultan Bantên sangêt dènnya watir | muwus mring Tumênggung Mangkudirja | kakang tumênggung bêcike | kula kakang anusul | mring Sang Nata Banaran mangkin | kula lumaku namar | botên gawa batur | mung dika gawani kakang | batur dika kang wus wruh Pajang Matawis | inggih siji kewala ||

31. kula dhewe gawa batur siji | laku ngedan cara santri kakang | wus amit rêmbag kalihe | wus lajêng lumastantun | prajurite wong saralathi | mung kantun tigang dasa | tinilarkên sampun | mring Tumênggung Mangkudirja | lampahira nusup dharatan katawis | cara santri kewala ||

32. sabên kèndêl angulari masjid | namanira ngalih Ki Mustapa | wus langkung Kêdhu lampahe | lajêng anikêl gunung | ing Pênthongan kang dèn margani | ngetan anjog ing Tumang | kèndêl tigang dalu | ing ngriku ngupaya warta | panggenane Susunan Amangkubumi | apadhang tuturira ||

33. wontên dhusun tanah Sokawati | kang lèr kilèn wastaning Sumbêran | watawise ing samangke | nadyan kesah gènipun | tan atêbih ing Sokawati | Tumang maksih acungan | ngriki maksih tumut | ing Sang Nata Kabanaran | apêparon maring Surakarta inggih | anulak karusakan ||

34. Sultan Bantên sigra angkatnèki | sangking Tumang angalèr angetan | anjog Gagatan sêdyane | langkung kawêlasayun | arêrendhon lampahirèki | ing lêlakon sadina | dadya tigang dalu | singa kang kandhêg kampiran | sami asih dene pamulune maksih | tan ilang sutèng raja ||

35. nèng Gagatan kèndêl nèng Rêpaking | tigang dalu sangêt sayahira | nèng dhukuh pinggiring lèpèn | wontên surone patut | nêdya ngasokakên ing sikil | wismane Ki Nuriman | nguni kaumipun | Ki Tumênggung Jayadirja | Sultan Bantên ayêm ing papan prayogi | kalawan amiyarsa ||

36. wong sadesa nênggih sami sêpi | sami nambut damêl pasanggrahan | ing Dhuwêt sêsaosane | natèng Banaranipun | masanggrahan [masanggraha...]

--- 125 ---

[...n] badhe alami | sawetaning Gagatan | mung lakon sabêdhug | miyarsa srêp manahira | Sultan Bantên dèn andhêg dèn gumatèni | marang Kyai Nuriman ||

37. têlas labêting sayah lumaris | anèng dhukuh sampun patang dina | dèniradus esuk sore | wus mêdal cahyanipun | ulat tingkah jatmika wingit | yèn kalanira salah | Ki Nuriman tumut | angadani lajêng kamad | sabên sore Sang Prabu Mangkarawati | adan lajêng akamad ||

38. cara Bantên syarane gumrining | Ki Nuriman anake wulanjar | ni mbok Sêridah namane | anginjên sabên dalu | Ki Mustapa saparanèki | yèn maring kali awan | nuli tinut pungkur | ingintip sapolahira | api-api kaprêgok angincang alis | ngêndhokkên kang sêmêkan ||

39. linungsurkên wontên kalih nyari | têpiswiring pambayun katingal | pêpanas driya rakite | Ki Mustapa tumungkul | nora pisan nêdya ningali | nanging sampun karasa | bok lanjar kalamun | dhêdhayoh iki muliha | baya mati ingsun brôngta sipat kuping | Ki Nuriman wuninga ||

40. yèn anake brôngta ing têtami | dalu sasampune bakda ngisa | sami jêjagongan suwe | prapta sugatanipun | bok Saridah takut ngladèni | kêmbên solok têrbaya | sinjangipun wulung | dhêdhêmêne cilik mula | sinjang wulung nanging wêdêlan Samawis | apike bok wulanjar ||

41. sêngkangipun lapak batutangkil | walang sakawung sêsupenira | êmas bèh ro sataile | Kyai Nuriman cukup | ngugung anak dipun tutugi | sapatute wong desa | rijêkine cumpu | mangkana Kyai Nuriman | amêrsudi patakone niti-niti | amrih wêca balaka ||

42. adhuh anak pun bapa puniki | lumaku têmên jinarwanana | sangking ajal kamulyane | miwah sinêdyèng kayun | gih pun bapa wus trêsnèng batin | inggih dhatêng pun anak | balung trusing sungsum | awit pun bapa nyupêna | sadèrènge pun anak prapta ing ngriki | ing bangun ing Jumungah ||

43. wontên sasi lèr wetaning ngriki | surêm kagring anir ing prabanya | ima naput ing sangkane | nuntên wontên kadulu | sangking kidul kilèn lumaris | nênggih awarni lintang | nênggih sabaluluk | kèndêl ing ngriki sakêdhap | dangu-dangu pun lintang punika nunggil | ing sasi kang kalaran ||

44. nuntên sasi cahyanipun pulih | pan sumêblak ingkang ôndakara | amadhangi ing jagade | amung lêt tigang dalu | nuntên anak prapta ing ngriki | anèh impèn punika | Sultan Bantên muwus | kula ing Gowong kewala |

--- 126 ---

ki pangulu ing Gowong ingkang sêsiwi | gih yêkti pun Mustapa ||

45. sêdya kula puniki angabdi | inggih dhatêng natèng Kabanaran | mumpung kasoran yudane | akêdhik abdènipun | bokmanawa katampèn ugi | Ki Nuriman lingira | punika satuhu | pun bapa dèrèng tarima | tagsih[17] sasab Sang Prabu Mangkarawati | gumujêng wuwusira ||

46. basakêna pun paman angudi | alah dawêg maibên pun paman | dika arani yêktine | Ki Nuriman lingnyarum | dora lamun anaking santri | sanadyan angakua | anaking pangulu | sintên botên maibêna | sêtun asor ngaku anaking bupati | puniku misih dora ||

47. dika mèmpêr kang rayi sang aji | inggih kang nama Pangran Purbaya | ing cahya lan pasêmone | botên kacèk sarambut | malah wilêt pun anak yêkti | lawan ruruh pun anak | ing saengganipun | kadi satriya lan raja | pasthi sènès ing solah jatmikanèki | nunggil pisah tan pisah ||

48. pan pun bapa botêna kêkêlir | rayi andika anak kawula | mring dika sangêt brangtane | bok Sarigah puniku | kasmarane kadi kapesing | gih kongsi dadi rumab | angising sasêntul | pacerit sarandhu alas | yèn andika kesaha sangking ing ngriki | pasthi sêg nuli pêjah ||

49. wau prabu ing Mangkarawati | adhuh paman katingal punapa | manjing panganiayane | tan dangu tangis umyung | nyai nira anusul gipih | Ki Umah anakira | kasambêt tan emut | nora suwe têka sêndhang | ya disèrèt wong dodot polèng gêng inggil | anakmu gurarapan ||

50. ya ki anak dhêdhayoh puniki | katon kang ngrêbut mring anakira | iya wurunge kênane | Ki Nuriman sru muwus | adhuh anak suwawi aglis | tulunga kawlasarsa | rayinta puniku | yèn kongsia praptèng tiwas | dadi paran pun bapa arang sutèki | nêmah sèwu cilaka ||

51. rinarêpa rajèng Pakungwati | têmah wêlas tumut maring wisma | sapraptane bale gêdhe | lênggah ing ulonipun | ni wulanjar nglugur aguling | karingêt lir dinusan | kêbêg kêmulipun | umatur Kyai Nuriman | lah suwawi pitulungipun Sang Yêkti | wêlasa ing pun bapa ||

52. sigra sultan ing Mangkarawati | ngungkabi kêmul lajêng gurayang | gêgêr kang dèn êmèk-êmèk | tan ana tabêtipun | antarane sarira sakit | amung asakit driya | sangking karêpipun | Sultan Bantên osiking tyas | wus dilalah nêmu bekaning lumaris | iya [i...]

--- 127 ---

[...ya] kinapakêna ||

53. lamun ora sun turuti iki | dadi beka anyênyuwe lampah | mupus tikahe[18] Hyang mangke | sigra wau sinêmbur | gumaregah sigra ngêbyuki | ing pangkonira sultan | guragapan muwus | wêdi-wêdi aku bapa | wonge dodot polèng kudu gawa mami | iku ngadêg ing lawang ||

54. pangrungkêbe sangsaya ngapithing | wêntisira sultan datan kêna | binênggang winêngkang kèkèt | Sultan Bantên anjêtung | kang karasa garwanirèki | nora duwe tênaga | sasolahe ruruh | dene ta iki wong desa | bisa gêlar sapolahe nora yêkti | têrlalu tukang bisa ||

55. garwanira anaking bupati | pêparinge Sunan Kabanaran | Dèn Rara Patmiyah rane | nênggih ingkang sêsunu | Adipati Suranatèki | punggawa nagri Dêmak | pêjahe ramèku | Adipati Suranata | Radèn Rara Timur pinundhut nèng puri | diwasane kinarya ||

56. têtariman rajèng Pakungwati | pelak warna pelak ing tênaga | ruruh tan ana cacade | cumangkol ing tyasipun | amanggiha garwa kadyèki | sêdhih tyasira maras | bok dèn uwus-uwus | ing asmara karasikan | Ki Nuriman pangucape wali-wali | anak yèn kalakona ||

57. rayi dika sakite mulyèki | dika ningkah kula inggih pasrah | juru dangên ing arine | cinêkak kandhanipun | Sang Aprabu Mangkarawati | apan sampun aningkah | nyupêt beka nurut | Sultan Bantên anèng kana | dhukuh pinggir kali sakilèn Rêpaking | lami gantya winarna ||

58. Sunan Kabanaran kang ginupit | kang makuwon dhusun ing Sumbêran | parentah ing punggawane | amangun ing prang pupuh | ngêlar-êlar jajahanèki | kang tinuduh ngalèra | masisir ingirup | Pangran Dipati Bintara | Dêmak Kudus ing Lasêm kalawan Pathi | kang kinèn nêlukêna ||

59. budhal sangking Sumbêran lumaris | wau Pangran Dipati Bintara | kawan atus prajurite | wong Garobogan gupuh | kinumpulkên sami kinêrig | wuwuh prajuritira | turôngga rongatus | nulya Pangran Pakuningrat | budhal ngilèn kanthi Pangeran Ngabèi | mring bumi Samarangan ||

60. Alap-alap lan Dipadirjèki | budhal ngidul lan Pringgadiningrat | sêmana sangêt sakite | timbalanira prabu | kinèn ngantukêna tumuli | marang ing Surakarta | wruha bapakipun | Adipati Pringgalaya | mantri nênêm kang tinuduh wus lumaris | koploh Pringgadiningrat ||

61. wus ginotong nèng jêjolèn êpring | wau ingkang tinuduh angetan | Pangeran Dipati Anèm | ngadhêpana [ngadhê...]

--- 128 ---

[...pana] Madiun | nagri Jipang kinèn ngayumi | samangsane Pangeran | Mangkunagarèku | kesah sangking Pranaraga | sawurine aja têlangke nganciki | budhal sangking Sumbêran ||

62. nulya wau têngara sang aji | budhal sangking pakuwon Sumbêran | maksih akathah untabe | mas rôngga munggèng ngayun | Pangran Natakusumèng wuri | sami kanthi punggawa | wuri lan ing ngayun | kunêng malih dutanira | Tuwan Sarip Bêsar Tuwan Sèh Ibrahim | kapêthuk anèng marga ||

63. dutanira rumiyin sang aji | kang ingutus nêlik mring Samarang | anyarêngi ing lampahe | ingkang prapta rumuhun | aturira ing sri bupati | èstu yèn Sarip Bêsar | dutane Sultan Rum | gusti anggêping Walônda | aturipun miwiti malah mêkasi | yèn carakane prapta ||

64. wau kula tilar anèng margi | inggih prapta ing dintên punika | sigra ngundhangi balane | kèndêla lampahipun | pra dipati ngandikan sami | Pangran Natakusuma | kang ngirit mring ngayun | timbalanira sang nata | kayaparan utusane Sèh Ibrahim | apa ginatèkêna ||

65. iya apa kinarya sêsambi | Pangran Natakusuma wotsêkar | prayogi ginatèkake | ngandika sang aprabu | kaya priye sagung bupati | apa padha manuta | ing sapikiripun | adhi mas Natakusuma | sarêng nêmbah mas rôngga matur kariyin | lêrês rayi paduka ||

66. yèn kêmbaa bilih pun ewani | lawan dipun wastani kumêthak | dutane narendra gêdhe | kangjêng sultan ing Ngêrum | nênggih ratu-ratuning bumi | wajib dèn ajènana | gumujêng sang prabu | saryalon dènnya ngandika | iki desa ing Gêragol duwe masjid | masjide rêsikana ||

67. pan ing kono gon ingsun nêmoni | carakèng Rum gustine sajagad | pira-pira ingsun kiye | tinêkan duta ing Rum | durung ana kang dhingin-dhingin | kongsi adhêdhayohan | caraka sangking Rum | kang wadya sigra rumagang | agêng alit sami angrêsiki masjid | ing jawi tinaruban ||

68. lagya eca ngandika lan abdi | wontên matur yèn caraka prapta | mas rôngga lajêng kinèngkèn | mêthuk nanging sinamun | amung kuda sakawan ngiring | sang natèng Kabanaran | budhal sawadyagung | mring Gêrogol jroning desa | jujug masjid rinakit sampun prayogi | anganti roning kamal ||

30. Sinom

1. Mas Rôngga Wirasêntika | lawan caraka wus panggih | arsa mudhun sangking kuda | dene andulu priyayi | mas rôngga lingiraris | sanak sampun [sa...]

--- 129 ---

[...mpun] dika mudhun | dawêg sami lêlampah | kang gendhong sêrat puniki | kula iring wontêna ing ngajêng kula ||

2. saksana sarêng lêlampah | mas rôngga têtanya aris | nênggih samia lêlampah | inggih kang sami tinuding | wong sanak sangking pundi | caraka alon turipun | kula tiyang Samarang | ladosanipun mas patih | kang satunggil upasipun petor bêsar ||

3. tiyang sangking Surabaya | inggih Kangjêng Tuwan Sarip | rencange sami tinilar | sadaya wontên Bêtawi | sami tiyang ing Turki | kalih atus pitung puluh | parikine[19] punika | amung gawa rare kalih | dhatêng jendral lan kêkalih wonge tuwa ||

4. lan wong kaji kang satunggal | anama Kaji Duljaki | nanging dèrèng wruh jajahan | milane botên tinuding | mila tiyang Sêmawis | tuwan bêsar karsanipun | wus prapta pinggir desa | ing Garogol têdhak sami | sampun kerit caraka praptèng taratag ||

5. Pangeran Natakusuma | ingandikan marang masjid | mas rôngga lan Jayèngrana | Dul Wakit miwah Muhyadin | sang nata ngandikaris | adhi Natakusumèku | apa sun têmonana | hèh rôngga caraka iki | wonge dhewe tuwin apa wong pundhutan ||

6. mas rôngga matur tur sêmbah | urunan tiyang Sêmawis | sangking pêpatih Sêmarang | petor bêsar kang satunggil | upas têtiyang sangking | Surapringga angsalipun | Pangran Natakusuma | umatur saha wotsari | suratipun luwung kapêndhêt kewala ||

7. sigra Muhyadin dinuta | mundhut srat lan Ki Dul Wakid[20] | saksana katur kang surat | duta kinèn tunggil linggih | lawan kang pra dipati | sami munggèng tarub agung | sinugatanan kinang | sangking kang para dipati | sangunipun epok gendhong pra dipatya ||

8. sang nata amaos sêrat | sangking Tuwan Sèh Ibrahim | bêbuka hèh salam reyang | Tuwan Sèh kang ahli Turki | mashur ing atas angin | pun bapa sajatènipun | nangkoda gêng kawilang | jinis prakara nagari | lunganingsun sangking Turki ginawanan ||

9. cap Sultan Mukamad Lekan | Rum Ngadli kang ngabayani | wawêngkoning Rum sadaya | sagung kang para nrêpati | Sultan Mustapa Rumi | ya gawani êcapipun | têgese kang pitungkas | ing nagara wetan nênggih | urut timur nagara kèh padha rusak ||

10. rusakipun sangking aprang | rèhning tanah Jawa mangkin | kanan kering sapangetan | ana ingkang ngêpalani | nyata jendral Bêtawi | ature kang marang ingsun | tan tumut karya rusak | inggih kang darbe pribabadi |[21]

--- 130 ---

rêbat atas sami karabat kewala ||

11. datan wontên wonge liya | rewange rêbat nagari | dene mangke kang prakosa | inggih nama Mangkubumi | dadi pun bapa mangkin | ya sawusing salam ingsun | atêtanya ing sira | adhuh nyawa Mangkubumi | sabab apa sira gawe nora arja ||

12. jênêg gawe kasusahan | sapadha-padha dumadi | duraka wis marènana | anak ingsun Mangkubumi | pan sira wong abêcik | sirèku sutaning ratu | sira kang kuwajiban | rumêksa rayat sabumi | sapa nanggung dosamu iya ing kana ||

13. pan si jendral iki selak | wit rusaking tanah Jawi | pan kinarêpakên samya | kang sami darbe pribadi | sun uji sira ugi | ing pawarta sêtya tuhu | eling sutaning raja | nora pikir salah kardi | ingsun nyawa wêruhna ing karêpira ||

14. lawan ingsun iki nyawa | papagên sun arsa panggih | sarat kudu pêpanggiha | pribadi amituturi | sawusnya maos tulis | alênggêr jêtung angungun | alon dènnya ngandika | dhimas Natakusumèki | kaya kene dhawuh apuraning Suksma ||

15. Dul Wakit kinèn akarya | angsul-angsul kang priyogi | adangu pitungkas wulang | kang sumêrêp sêdhêp manis | kang nora anyênyêngit | dhap asor saturutipun | kang têtêp mêlasarsa | wus dadya dipun êcapi | kang tinuduh Radèn Arya Jayèngrana ||

16. ngaturkên wangsulan sêrat | dhatêng nagari Sêmawis | tinuduh sami sadina | Jayèngrana bêkta tulis | duta wus dèn panggihi | ginanjar pangadêgipun | arta lawan busana | caraka wus nêmbah amit | sarêng mêsat lawan Radèn Jayèngrana ||

17. mung bêkta kuda pakbêlas | pakbêlas dharate sami | têgêsipun lêlancaran | prayayine dèn pilihi | datan kawarni margi | sawêngi praptane esuk | wanci pukul sawêlas | praptane nagri Samawis | jujug marang gone petor wismanira ||

18. sira Radèn Jayèngrana | lan Tuwan Sarip wus panggih | sigra ngaturakên surat | angsul-angsul sri bupati | têmbunge mêlasasih | sêdhêp pasrah dhirinipun | juru basa kang maca | petor bêsar kanthinèki | pamaose winalèn-walenan rahap ||

19. petor bêsar ngatag nurat | marang Ki Kaji Dulkaji | tulisana basa Arab | aturna mring Tuwan Sarip | nurut Kaji Dulkaji | mrih basa Arab wus katur | mring Tuwan Sarip Bêsar | winaos suka tan sipi | têmbung manis asêdhêp mawi la-êla ||

--- 131 ---

20. sarta ngungun amiyarsa | ing rèh dadining ajurit | pratikêle tanah Jawa | kêna niaya sayêkti | dene kang sikara wit | Dul Jendral Baron pan Emup | akèn angêlongana | ing Pangeran Mangkubumi | ing cacahe kalong saparo kewala ||

21. dadya miji ing santana | ing Pangeran Mangkubumi | alumuh lumakyèng karya | yèn kalonga Sokawati | dadya putungan sami | lajêng ngêkahi puniku | bumi ing Sokawatya | nadyan kalonga sakikil | sun labuhi ajur mumur dadi lêmah ||

22. Si Ondorop pira-pira | saguh ngulihakên malih | nging ujare kamondaka | Pangran Arya Mangkubumi | lajêng gitik-ginitik | rêbut bêja ing prang pupuh | Kumpni krêp kasoran | akathah ingkang ngêmasi | Tuwan Sarip Betor[22] Bêsar tinakonan ||

23. iya iki petor nyata | mêngkene kawiting jurit | petor bêsar aturira | gih jendral mariki dhingin | Pangeran Mangkubumi | lolosipun sapuniku | wus nyata nora dora | anak ingsun Mangkubumi | kaya age ingsun iki pêpanggiha ||

24. kunêng kang anèng Sêmarang | lagya ngayêm-ayêm pikir | sang nata ing lampahira | wus lajêng ing Dhuwêt prapti | masanggrahan sang aji | wus pamondhokan wadyagung | sang nata badhe lama | ngiras dènira ngantosi | carakane kang maring nagri Samarang ||

25. sang nata arsa ngadêgna | sagung wadya kang ngêmasi | anakipun kang kinarya | karya mantri jro sang aji | suwidak kang kinardi | badhe nyèkêt sabinipun | kang kinarya lêlurah | têtiga angalih dèsi | ing Kumêndhêng nênggih pun Adimênggala ||

26. lêlurah ingalih nama | Ngabèi Prawirasêkti | kancanipun ngalih dasa | sami prawira namèki | lêlurah saragni |[23] Wirasastra wus pinundhut | lurah mantri jro nama | Yudakartika ing mangkin | sakancane sadaya wiwitan yuda ||

27. Mas Malar mangkya kinarya | Ngabèi Baurêksèki | kancanipun ngalih dasa | wiwitan bau namèki | lagya samadya sasi | kancane lami kèh nusul | wontên wong tigang dasa | kalih dasa kang pinilih | Kyai Bênêr ingkang kinarya lêlurah ||

28. lan ingalih namanira | Ranadirada Ngabèi | sakancane ngalih dasa | wiwitan Rana namèki | Ki Sutamênggalèki | gêdhong sinungan jêjuluk | Ngabèi Mangunjaya | mantri jêro wus rinakit | busanane abyor mantri wolung dasa ||

29. ya ta wau kawuwusa | Sang Prabu Mangkarawati | ingkang wontên padhêkahan | wastanira

--- 132 ---

ing Rêpaking | mangkat sowan tumuli | bêbêktane tigang pikul | lombok kalawan kacang | kimpul talês wi gêmbili | nunggang jaran wadon sarwi bêbathilan ||

30. arasukan gandhul pêthak | kasa kêmbang lungsêd kêdhik | anyamping sarung Mêkasar | pasêmon wilêt awingit | lampahira wus prapti | Dhuwêt pasanggrahan agung | sang natèng Kabanaran | nuju siniwakèng dasih | jumarojog manjing tan ngangge larapan ||

31. amor lawan Suranata | miwah kang mantri pinilih | dèn nyana kônca kewala | dangu-dangu kang asandhing | prasami angingsêri | sang nata wruh sapa iku | Sultan Bantên turira | sigra Muhyadin nambungi | rayi dalêm Sultan Pakungwati prapta ||

32. ingawe lajêng umangsah | gapyuk rinangkul siraglis | sang nata dhawuh[24] kang waspa | Sang Prabu Mangkarawati | tangise lir pawèstri | gulêt lir kêkupu tarung | wus dangu tata lênggah | kang rayi tan sinung têbih | kang dinangu ing sasolahbawanira ||

33. prajurite karisakan | sabên prang tanpa ngudhili | kula akanthi kakang mas | Purubaya nêniwasi | ngandika sri bupati | sarwi nênggak waspanipun | yayi prabu dilalah | sira ngungsi maring mami | nêdya enak yayi têka nêmu rusak ||

34. karine prajuritira | mêngko sira sèlèh ngêndi | kang rayi matur tur sêmbah | kantun tigang dasa nênggih | amung wong saralathi | tigang dasa ingkang kantun | minarsa pitung dasa | tan wontên kantun satunggil | prang wawala mêngsah lan Kapitan Bagrak ||

35. rayi paduka kakang mas | Purubaya ngapirani | tumpêse prajurit kula | mina bang suwidak tampis | pun gêndhayatan mati | wong saralathi kang kantun | kula titipkên samya | pun kakang Mangkudirjèki | kula sêlak onêng wulangun ing tuwan ||

36. kapiyarsèng katêbihan | sawadyane tumpês jurit | yayi prabu kakangira | Mangkukusuma kang mati | sami ngungunirèki | kang rayi ngaturkên wau | sal-angsal tigang rêmbat | kang raka ngandika aris | kaya apa mêngkono tuk-antukira ||

37. kang rayi matur bêlaka | duk wontên dhukuh Rêpaking | kasukan sayah lumampah | adharat sadasa ari | kèndêl dhukuh Rêpaking | pinaksa ingambil mantu | inggih Kyai Nuriman | gumujêng sri narapati | bênêr yayi wong amalês kabêcikan ||

38. sang nata malih ngandika | dhimas Natakusumèki | wong gagatan dhawuhana | sun paringakên si adhi | dhimas Mangkarawati | iya ing gagatan sawus | anaa kang rumêksa | ing mêngko marang si adhi |

--- 133 ---

bêkêl satus iku sira kongkonana ||

39. srahna maring Si Nuriman | konên anata kang bêcik | ing gagatan bumi rosa | jaran salawe kuwawi | rumêksa ing si adhi | rina lawan wênginipun | wong sèkêt ing pulutan | rumêksa dhahare adhi | tur sandika Pangeran Natakusuma ||

40. anglampahakên caraka | mantri jêro kang tinuding | Ngabèi Ranadigdaya | Ranadimêja satunggil | ing gagatan wus prapti | sampun kumpul bêkêlipun | kapanggih kawan dasa | panglawe sakawan sami | wus binakta mring wismane Ki Nuriman ||

41. kagyat ing tyas kagegeran | prayayi songkok kang prapti | bajo lurik irêng ginggang | lancingan sangkêlat abrit | nyuriga carabali | lawan bature kumrutug | kabèh bêkêl gagatan | dhêrodhog dènnya manggihi | bêkêl kabèh wus kasrah Kyai Nuriman ||

42. Ngabèi Ranadigdaya | Ki Nuriman dèn jarwani | kiyai mantu andika | pan dede santri mêmêri | sajatine kiyai | sultan ing Bantên puniku | mêdhêdhêg Ki Nuriman | adhèhèm naga kabalik | ni Rubiyah anakira ni Saridah ||

43. nyawargakakên wong tuwa | gagatan pulutan iki | pinaringkên mantunira | ni nyai watuk nyakikik | mantuk mantri kêkalih | akathah pasangonipun | ing wuri wus tinata | kang prajurit tan turanggi | tigang dasa sakawan bêdhil nêmbêlas ||

44. lan waosipun wolulas | sadaya sopal jininggring | lêt kalih dina praptanya | lan sèkêt rêmbatanèki | Sang Prabu Pakungwati | mèsêm suka dènnya dulu | wus karya pamondhokan | Sang Prabu Mangkarawati | ragi kilèn sangarsaning pasanggrahan ||

45. wolu rare punakawan | prasamya nitih turanggi | samuwa pratikêlira | mèh prasasat sabupati | bok Saridah têtilik | sawulanipun ping têlu | miwah sultan cangkrama | sang prabu ing Pakungwati | angêrakat ulam kali pêpucungan ||

31. Pocung

1. kang winuwus dutanira sang aprabu | langkung kinasihan | marang Sèh Ibrahim Turki | karya surat rèngrèng Tuwan Sarip Bêsar ||

2. dhapuripun surat pratela puniku | marang Batawiyah | prakarane Mangkubumi | dèn sikara mulane dadi murwèng prang ||

3. lungguhipun Sokawati têlung èwu | saanane jendral | nagari Surakartèki | dèn êlongi saparo pangran pan suka ||

4. milanipun wus kalakon karyanipun | waune nèng mêngsah | rinêbut anandhang jangji | singa [si...]

--- 134 ---

[...nga] ngrata ing Sokawati ginanjar ||

5. Jendral Emup kang anglêbur jangjinipun | kathah rèngrèngira | kinèn nurun Wirasari | wusnya dadi Tuwan Sarip angandika ||

6. iya iku Jayèngrana turna gupuh | maring anak ingwang | Susunan Amangkubumi | iki rèngrèng kang badhe marang si jendral ||

7. besuk ingsun lamun uwis atatêmu | lawan anak ingwang | besuk ing sabalèn malih | pasthi kono iya ingsun pêpanggihan ||

8. rèngrèng iku yèn wus dadi têrna mringsun | ingsun kang anggawa | marang nagari Batawi | aja susah sutaningsun akongkonan ||

9. ya ta wau Jayèngrana kinèn mantuk | wus binêktan surat | bêdhug tiga angkatnèki | Jayèngrana sangking nagari Sêmarang ||

10. ngatêr sampun Radèn Wirasari wangsul | ing nagari Dêmak | sira Radèn Wirasari | lampahipun wau Radèn Jayèngrana ||

11. praptanipun ing Dhuwêt pan wanci surup | kèndêl pondhokira | sakêdhap lumêbêt nuli | jujug marang Pangeran Natakusuma ||

12. sampunipun bakda ngisa lêbêtipun | sang nata wus salat | satêdhake sangking masjid | animbali ing Pangran Natakusuma ||

13. lêbêtipun angirit Jayèngranèku | prapta ing ngajêngan | ngaturakên ingkang taklim | sangking rama tuwan nênggih Sarip Bêsar ||

14. sêrat katur kêkalih lan rèngrèngipun | sigra tinupiksa | kadriya têmbunging tulis | ya ta mèsêm ing Pangran Natakusuma ||

15. dhimas gupuh undhangana pra tumênggung | padha angrasakna | ing surate Sèh Ibrahim | matur nêmbah Pangeran Natakusuma ||

16. pênêdipun abdi dalêm pun tumênggung | kang abaris ngarsa | sae katimbalan sami | miyarsakna ing surate Sarip Bêsar ||

17. sang aprabu pangandikanipun arum | bênêr yayi êmas | nuli kongkonana aglis | sarupane punggawa kang baris ngarsa ||

18. wus anuduh Pangran Natakusumèku | angêrig kang samya | punggawa kang baris ngarsi | sami prapta tan kalilan bêkta wadya ||

19. maksih tugur sagunging prajuritipun | barise ing ngarsa | praptane kang pra dipati | pan sadaya sami lancaran kewala ||

20. wetan kidul kulon sarêng praptanipun | Pangran Pakuningrat | kilèn lan pangran ngabèi | kidul nênggih Dipati Suryanagara ||

21. kanthinipun Môndraka Wiradigdèku | lawan Jayarata | Tumênggung Dipadirjèki | Alap-alap myangn[25] Tumênggung Pusparana ||

22. têlas kidul ingkang wetan sami rawuh | Pangeran Dipatya | Anom sawadyanirèki | lan kang paman Pangran Dipati Bintara ||

--- 135 ---

23. sadaya wus tumamèng ngarsa sang prabu | sang nata ngandika | hèh sagung kang pra dipati | lawan para santana putra satriya ||

24. sadayèku dèn amêrês budinipun | padha rasakêna | ing karsane Sèh Ibrahim | iya ingkang muni layange kang prapta ||

25. iya ingsun kinon akirim pra sadu | mring gurnadur jendral | sumilih kadya nêdhadil | anjaluka bênêr ing gurnadur jendral ||

26. wong aluhur sangking asor wiwitipun | aja ta ugungan | dumèh Tuwan Sèh Ibrahim | Sarib[26] Bêsar maringsun wus mundhut putra ||

27. iya iku kêkêlire têgêsipun | aja ta kabiyak | sihe Tuwan Sèh Ibrahim | iya dadi ngadêg bênêr Sarip Bêsar ||

28. dadi ampuh Sarip Bêsar yèn tinantun | mring gurnadur jendral | pratingkahe tanah Jawi | ing batine Tuwan Sèh wus maring ingwang ||

29. karsanipun Sarip Bêsar batinipun | kinèn anjarwakna | ing Radèn Jayèngranèki | kalêthêke tyase Tuwan Sarip Bêsar ||

30. awotsantun prawara ingkang tinantun | pukulun sang nata | sampun tanggêl ing pakarti | anganggea waos dhuwung marang jendral ||

31. inggih lamun pun jendral darbe pangukup | botên wit piyambak | amiluta amrih ing sih | jêr pun jendral ingkang amrih amiluta ||

32. riyêg guyup pra santana pra tumênggung | sami aturira | Pangran Natakusumèki | ingkang dadi pangirit atur andhadha ||

33. kang dhinapur mungguh panggawening satru | ngajak rêrampekan | yèn dhèwèk nora nglanggati | satêmahan kabalik ingkang pratingkah ||

34. ingkang luhur satêmah dados soripun | ingkang asor mangkya | dados luhure sayêkti | sabab sangking timbalan Jêng Nabi duta ||

35. sru gumujêng wau sira sang aprabu | pagene yayi mas | anganggo wêdi Jêng Nabi | ngombe arak si adhi sadina-dina ||

36. iku takut ing wêwalêr Kangjêng Rasul | gumujêng tur sêmbah | Pangran Natakusumèki | sanès ing prakawis arak lawan aprang ||

37. sang aprabu gumujêng ngandika arum | yèn mangkono padha | bênêr panêdhanirèki | ingsun lagi nêmu dêdukaning Suksma ||

38. mungsuh iku kang gêdhe angajak patut | iya Si Walônda | ingkang gêdhe mungsuh mami | mungsuh cilik iya Si Mangkunagara ||

39. prandenipun yèn kudu kasor ing ngriku | lagya dukaning Hyang | kang dhawuh ing awak mami | wus dilalah kalah prang kalawan bocah ||

40. mêngko mungsuh Si Walônda ngajak patut |

--- 136 ---

ing têgêse iya | iku pitulung Hyang Widhi | gawe asor prang ngamuk sariraningwang ||

41. batinipun durung cacat têmên ingsun | ingong madêg nata | iya nèng Ngayugja dhingin | awèh wêruh marang dêlèr ing Sêmarang ||

42. mundhut istu yèn ingsun jumênêng ratu | iya diadêgna | pan angrasa awak mami | yèn kang wayah Susunan Pakubuwana ||

43. dêlèr langkung panampike marang ingsun | dadi ingsun iya | amadêg nata pribadi | iya iku sun lêbokkên layang jendral ||

44. iya lamun Kumpni angajak patut | Ondorop Sêmarang | dèn salinana tumuli | lamun ora mêngkono ingsun anêmah ||

45. sampun anut sagung punggawa nung-anung | ing sakarsa-karsa | mupakating lair batin | mumpung durung layar Tuwan Sarip Bêsar ||

46. sigra wau rèngrèng tinurun karuhun | nanging Sarip Bêsar | kalah apa sor sathithik | wurukipun pisêdhêp ing tuwan jendral ||

47. sêratipun piyambak wau sang prabu | ingkang dhatêng jendral | êla-êla anglangkungi | sarta mawi mugi-mugi tuwan jendral ||

48. dipun asru angadilana satuhu | mangkya eyang jendral | ngarsakakên atur mami | ingkang mijil sangking Tuwan Sarip Bêsar ||

49. têgêsipun eyang jendral mrih satuhu | karsa ngadilana | lampahane awak mami | satuhune pan kula kinaniaya ||

50. yèn rumuhun wontêna sêrat gurnadur | kang dhatêng kawula | sarèhe kula lampahi | inggih môngsa panjanga lampahaning prang ||

51. pun gupênur sok mêdosi suratipun | kula nêmah nekat | angraos yèn sinakait | jinabakkên darah Kapakubuwanan ||

52. mila bingung ngraos tan wontên kang ngukup | mangkya eyang jendral | amrih lêrês kang sayêkti | sasat dhawuh pitulunging Gusti Alah ||

53. langkung nutug la-êla prasabênipun | wus dadi sadaya | inggih sampun dèn rèngrèngi | ingkang katur dhatêng Tuwan Sarib Bêsar ||

54. lawan dhuwung Naga sarasah wêwolu | lan waos trisula | inggih sinarasah sami | amung kuda enjing sinusul asmara ||

--- 137 ---

...

--- 138 ---

...

--- [0] ---

...

Catatan kaki:

1. Sumêdhangan. (kembali)
2. Batutangkil. (kembali)
3. Kurang dua suku kata: lan andulu solahe kèhing wadya gung. (kembali)
4. Kurang dua suku kata: pasêmone gêdhe cilik. (kembali)
5. mindho. (kembali)
6. Semua kata: pnidiya dibaca 'pênindiya' untuk memenuhi guru wilangan dari tiga suku kata menjadi empat suku kata. (kembali)
7. gawaa. (kembali)
8. Mangkunagara. (kembali)
9. wontên. (kembali)
10. langkung. (kembali)
11. nginggil. (kembali)
12. kopat-kapit. (kembali)
13. Lebih satu suku kata: anut Kudanawarsèki. (kembali)
14. kèndêlnya. (kembali)
15. Kurang satu suku kata: Si Bênêr ika. (kembali)
16. Kurang satu suku kata: ing Sumampir wontên tigang atus nênggih. (kembali)
17. taksih. (kembali)
18. tingkahe. (kembali)
19. marikine. (kembali)
20. Wakit. (kembali)
21. Lebih satu suku kata: inggih kang darbe pribadi. (kembali)
22. Petor. (kembali)
23. Kurang satu suku kata: lêlurah saragêni. (kembali)
24. dhawah. (kembali)
25. myang. (kembali)
26. Sarip (dan di tempat lain). (kembali)