Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 11)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
9. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
10. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
11. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
12. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
13. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
14. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
15. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
16. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
17. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
18. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
19. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
20. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
21. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
22. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
23. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
24. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
25. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
26. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
27. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
28. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
29. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
30. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
31. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 22-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Babad Tanah Jawi

Jilid: 11

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 11 : [1] ---

Serie No. 1289i

Babad Tanah Jawi

Jilid: 11

Mulabukanipun wontên gègèr Trunajaya. Kraton Mataram badhe risak.

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1940

--- 11 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 11 : 3 ---

66. Bakisar èstri malih dados jalêr, lajêng konjuk dhatêng sang nata.

73. kawarnaa sri bupati | dènira jumênêng nata | sampun akathah putrane | patutan ing Surabaya | nênggih putra kang tuwa | ginadhang jumênêng ratu | prabu anom ing Mataram ||[1]

74. putra lyan malih kêkalih | arine prabu dipatya | kêkalih tunggil ibune | Pangran Pugêr kang atuwa | ya Pangran Singasêkar | punika warujunipun | nênggih wontên malih putra ||

75. samya sanès ibu nênggih | nama Pangran Martasana | wontên putra timur maleh | kêkalih ingkang satunggal | anama Radèn Tapa | punika malih winuwus | Pangran Dipati Mataram ||

76. kang eyang pan têksih urip | Jêng Pangeran Surabaya | anèng Mataram dalême | punika kang cinarita | Pangeran Surabaya | bakisar wadon dèn ingu | lami-lami dadi lanang ||

77. kalangkung dipun kasihi | bakisar dening pangeran | punika pangandikane | lawas ingsun anèng dunya | apan durung tumingal | lan maning durung angrungu | ayam wadon dadi lanang ||

78. lawan warnane abêcik | Mataram tan ana memba | bakisar kaya mangkene | ingsun tan layak duwêa | iki layak sang nata | bakisar ingkang angingu | pantês ana jroning pura ||

79. Pangeran Surabaya ngling | maring ingkang para

--- 11 : 4 ---

garwa | bakisar iki ing mêngko | sun aturakên sang nata | Pangeran Surabaya | sigra kêkampuhan sampun | asowan maring jro pura ||

80. bakisar wus dèn ulêsi | ingulêsan sutra pêthak | Pangeran Surabayage | mijil saking dalêmira | tan kawarna ing marga | prapta ing kadhaton sampun | mandhêg mijil paregolan ||

81. sampun katur ing sang aji | yèn pun paman Surabaya | umarêk dhatêng sang katong | nulya agya tinimbalan | wus prapta ing ngajêngan | cundhuk lawan sang aprabu | alinggih ayun-ayunan ||

82. Pangeran Surabaya ngling | matur dhatêng sri narendra | kawula singgih sang katong | angaturakên bakisar | mila katur punika | dening endah warnanipun | purwanipun kang bakisar ||

83. igih[2] bakisar puniki | pawèstri asale kina | sampun sawulan lamine | lami-lami dados lanang | warnanipun apelag | dhatêng sagêd akaluruk | mangke konjuka sang nata ||

84. sri narendra anampèni | bakisar sarwi ngandika | anêdha ing pracayane | paman ing sih jêngandika | sri narendra asuka | nanging duka jroning kalbu | osiking nala mangkana ||

85. bisa nuksmèng agal alit | ing wêweka sampun nêlas | graita landhêp pasêmon | Jêng Pangeran Surabaya | sampun kinèn mantuka | sêmana pan sampun mantuk | warnanên sri naranata ||

86. enjing sang nata tinangkil | pinarêk ing kamandhungan | maksih kagugu manahe [manah...]

--- 11 : 5 ---

[...e] | kang paman ing Surapringga | ngaturakên bakisar | pawèstri purwakanipun | lami-lami dadi lanang ||

87. sang nata emute[3] galih | wirayate ing Mataram | susunan panjênêngane | tan ana lwan kang gumantya | lyan putra kang atuwa | patut ing Surabayèku | sri narendra angandika ||

88. maring sakèh para mantri | mantri ing lêbêt kewala | hèh sakèhe wadyaningong | si paman ing Surabaya | wingi awèh bakisar | pawèstri purwakanipun | lami-lami dadi lanang ||

89. pangrasane ati mami | paman Surabaya kaya | awèh sasêmon maringong | idhêp karêpe si paman | anake pan wanodya | ing mêngko wus asêsunu | putune pan mêtu lanang ||

90. anak ingsun ki dipati | mêngko pan sampun diwasa | pantês jumênênga katong | iku sêmune si paman | ingsun kinèn sèrèna | bakisar katur maringsun | pantês ana jroning pura ||

91. ingsun pan kinon gumingsir | putune kang jumênênga | mêngkono iku sêmune | si pamane Surabaya | dene anggege măngsa | wong atuwa nora patut | dèn eman anggege măngsa ||

92. sakathahing para mantri | langkung sami ajrihira | mirsa sang nata bêndune | nulya bubar sri narendra | malêbèng kênyapura | tan winarna lamènipun | wong jêro kathah miyarsa ||

93. wus misuwur sanagari | pangeran ing Surabaya | sampun miyarsa wartine | yèn sang nata sangêt [sa...]

--- 11 : 6 ---

[...ngêt] duka | marga saking bakisar | kalangkung ing ajrihipun | tinarka atur sasmita ||

94. tanpa nyana tanpa ngipi | darbe raos kang mangkana | sang nata salah tampane | dadya Pangran Surabaya | arsa marêk ing nata | atur pêjah gêsangipun | sarayatipun binêkta ||

95. miwah ingkang para rabi | santana jalu wanodya | punika binêkta kabèh | pangeran ing Surabaya | sampun lumampah seba | ênêngakêna karuhun | warnanên sri naranata ||

96. enjing sang nata tinangkil | dening mantri kulawarga | prasamya pêpêkan kabèh | pêpak andhèr pagêlaran | dening sri naranata | pinarêk ing sitiluhur | pêpak wong jêro sadaya ||

97. sang nata sigra dènnya ngling | angulawisudhèng putra | ratu wetan têtilare | putra wawratan bêbêktan | sampun sinungan nama | anênggih jêjulukipun | Radèn Arya Natabrata ||

98. kawarnaa Adipati | Surabaya sigra mangsah | karsanira ayun pepe | anak putune binêkta | miwah kang para garwa | wus praptèng waringin kurung | sami asèlèh curiga ||

99. watara kathahirèki | anak putune sadaya | miwah kang para garwane | anênggih sawidak papat | Pangeran Surabaya | mangrêpa-rêpa tumungkul | pan sampun asrah ing Suksma ||

100. mangkana sri narapati | pinarêk anèng dhêdhampar | kagyat ningali wong pepe | dening kathah tiningalan | wong ngêndi ika baya | nèng ngandhap waringin kurung | paran pinèpèkkên [pi...]

--- 11 : 7 ---

[...nèpèkkên] ika ||

101. lah pariksanên dèn aglis | sapa kang apepe ika | lan iya sapa arane | lan apa ingkang sinêdya | kang kinon sigra nêmbah | mudhun saking sitiluhur | lampahe amêmêndhapan ||

102. tan asuwe sigra prapti | ing prênahe jêng pangeran | gandhèk wus animbalake | pangandikane sang nata | Pangeran Surabaya | sampeyan pepe puniku | punapa karsa paduka ||

103. pangeran ngandika aris | mila apepe manira | atur pêjah gêsang ingong | lah wus matura sang nata | gandhèk mundur sira gya | prapta ngarsane sang prabu | wong gandhèk matur anêmbah ||

104. pukulun pakuning bumi | kawula sampun mariksa | punika ingkang apepe | pun paman ing Surapringga | ngaturkên pêjah gêsang | katura jêng sang sinuhun | kagyat manahe sri nata ||

84. Sinom

1. kagyat sang nata miyarsa | ing aturira kang abdi | sang nata sampun anduga | yèn kang paman darbe kapti | wus cinakra ing galih | atur pêjah gêsangipun | eca dènira lênggah | kèwêdan sajroning galih | pan karaos sang nata ing putranira ||

2. apikir sajroning nala | pinupus manah sang aji | kang jumênêng ing Mataram | amung ingsun ingkang lêwih | kang dadi sênapati | tan liya mung raganingsun | upama sun sêgara | kang ala lawan kang bêcik | apan kamot sang nata nulya ngandika ||

3. lah wong gandhèk lumayua | timbalana dèn agipih [a...]

--- 11 : 8 ---

[...gipih] | si paman ing Surapringga | tumanduka maring mami | sumawana si bibi | panggiha lan raganingsun | lurahe kapêdhaknya | miwah ingkang para cèthi | ingkang tuwa si paman ingkang lumampah ||

4. anak putune sadaya | lanang wadon agêng alit | karia nèng pangurakan | si paman Surabayèki | kang kinon nêmbah mijil | mêndhapan adoh lumayu | tindake sarêng napak | wus mudhun saking sitinggil | sarêng prapta lampahe tindak jatmika ||

5. gandhèk kalih mêndhak-mêndhak | anulya tata alinggih | umatur sami anêmbah | tandukipun nênimbali | kawula nuwun gusti | pinutus dera sang prabu | sampeyan tinimbalan | apanggih lawan sang aji | samawana[4] garwa tuwan ingaturan ||

6. inggih wayah putra tuwan | kang sêpuh wontên ing wingking | pangeran ing Surabaya | agupuh dènnya lumaris | sarêng lawan kang rayi | sarêng dènira tumanduk | lampahe kêkadhalan | wus prapta sira sitinggil | sakathahe kang seba sami tumingal ||

7. angrês manahe sadaya | pra mantri sami anangkil | dinulu langkung mamêlas | samya andhingkul alinggih | prapta ngarsa sang aji | sang nata sigra tumurun | saking dhêdhampar êmas | kang paman dipun gêlari | apan jajar sang nata lawan sang paman ||

8. pangeran sampun pinarak | sakawan garwanirèki | mingsêr-mingsêr linggihira | kang garwa ana ing wuri | kalangkung awiragi | sang nata sigra amuwus | dèn kapara ing ngarsa | sumawana

--- 11 : 9 ---

lan si bibi | ngangsud-angsud kang garwa gèmbèli kănca ||

9. angrês manahe sang nata | andulu dhatêng kang bibi | miwah dhumatêng kang paman | langkung dening pamlas asih | muka konjêm ing siti | angandika sang aprabu | punapa karsandika | pepe sandhaping waringin | pan kawula tan darbe tyas sêla-sêla ||

10. kawula kalangkung kagyat | andika ngewah-ewahi | pepe nèng waringin jajar | Pangeran Surabaya ngling | kawula gusti ajrih | ayun andarbèni atur | ngaturkên pêjah gêsang | saking cupête kang budi | pan kawula tiyang cêguk mudha dama ||

11. ngaturakên pêjah gêsang | saking cupête kang abdi | tan aniyat ambalila | dhumatêng sri narapati | balilu anglampahi | kawula kenging sêsiku | kawula botên sêdya | botên nyana botên ngipi | angaturi pasêmon dhatêng sang nata ||

12. mila kawula sang nata | atur bakisar rumiyin | tan pantês kula ngingua | dening warnanipun bêcik | anèh lawan sêsami | botên nyana yèn kasiku | yèn sêdya miringana | punapadene nyêmoni | dêmi Allah lawan dêmi Rasulullah ||

13. kawula mangke punika | yèn èstua nyênyêmoni | sumawana balilaa | tan layak wontên Matawis | botên layak sinambi | yèn cêmêr rêraganingsun | layak dipun tumpêsa | dinamêl paran aurip | milanipun pun paman tur pêjah gêsang ||

14. kang garwa matur karuna | sêsambate amlasasih [amlas...]

--- 11 : 10 ---

[...asih] | adhuh kawula sang nata | lêng pinêjahana dhingin | yèn pun paman ngawoni | tumpêsên nak putunipun | inggih dhatêng sumăngga | yèn darbea salah ati | sri narendra miyarsa nênggak kang waspa ||

15. angrês manahe sang nata | miyarsa aturing bibi | lan pangrêpaning kang paman | manjêlut manah sang aji | mênggah sri narapati | dening èbêg manahipun | sadaya kang miyarsa | sagunging para bupati | prêbêng-prêbêng sawênèh wus mêtu waspa ||

16. sang nata aris ngandika | mênggah-mênggah dènira ngling | ingkang botên-botên paman | agêgancar ing pawarti | pocapan ingkang sêngit | angadon-adoni tutur | paman dados punapa | yèn anggugua pawarti | pan kawula botên rumaos yèn duka ||

17. agoroh ingkang pawarta | paman ngandêla ing galih | sayêktine ngriki datan | wontên ujar kang kayèki | edane kang pawarti | kawula pan maksih maklum | nagara ing Mataram | ing benjing sapungkur mami | yèn manira sampun pinundhut Hyang Suksma ||

18. wus parentahing Hyang Suksma | kang kinarya madêg aji | anggêntèni ing manira | pinasthi tan kêna gingsir | ing benjing akir mami | pasthi lamun putraningsun | ujar ingkang acêtha | angadêg dede ing ngriki | Wanakarta kadhatone kaki putra ||

19. inggih kadhaton Mataram | kawula ingkang mêkasi | datan kêna singgahana | sampun jangjining rumiyin | Mataram salin kardi | puput panjênêngan ratu | angalih Wanakarta [Wana...]

--- 11 : 11 ---

[...karta] | sapatiningsun ing wingking | sigra matur pangeran ing Surabaya ||

20. sun têtêdha ing Hyang Suksma | sampun salin-salin aji | lan sampun kongsi kaliya | tan ana pantês nagari | liyanê ing Matawis | sun têdha maksih akukuh | tan ana kang prayoga | ing rat jagat tanah Jawi | mung Mataram kang pantês dadi kadhatyan ||

21. sri narendra angandika | pan wus karsaning Hyang Widi | rusaking Mataram benjang | dening putraningsun iki | ki prabu anom nênggih | kawitan nagara lêbur | Pangêran Surabaya | langkung gêgêtun ing ati | amiyarsa panyêthane sri narêndra ||

22. sri naranata ngandika | lah paman ing Surabanggi | andika mantuka enggal | sampun anggugu pawarti | ingkang dadi pawarti | sakathahe dika têmu | botên sêdya mangkana | tan anyana tan angipi | ingkang paman pamit mentar lan kang garwa ||

23. sang nata jêngkar sineba | malêbêt ing kênyapuri | ginarêbêg ing badhaya | nênggih pitung rancak sisih | tur sami ayu lêwih | warnane kang para arum | dening wau Pangeran | Surabaya sampun mijil | ing pasowan kang mulat lwir guladrawa ||

85. Dhandhanggula

67. Sahoyi tiyang èstri ingkang andadosakên gêndra.

1. Adipati Surabaya mulih | sarayate pan mantuk sadaya | sampun prapta ing wismane | tan kawarna ing dalu | kawarnaa sri narapati | animbali ing wadya | karsane [kar...]

--- 11 : 12 ---

[...sane] ingutus | wong mantri jêro wastanya | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | sarêng prapta ing ngarsa ||

2. angandika sang sri narapati | Yudakarti lan Wăngsataruna | sira mintara dèn age | ngulatana sirèku | wong pawèstri ingkang abêcik | ingkang layak kagarwa | ya ring jênêng ingsun | pasisir măncanagara | ulatana dening ta wawêkas mami | yèn ana banyu gănda ||

3. musthikaning anggoning pawèstri | ingkang layak kagarwa maringwang | ulatana dèn abêrsèh | pasthi iku katêmu | gêdhe cili ingkang nagari | iya sira pêpaka | têkan ing wong dhusun | kang kinon tur sêmbah mentar | Wăngsatruna kalawan Ki Yudakarti | ambanjur sing paseban ||

4. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta pasisir sadaya | winiwitan saking kilèn | tan wontên ingkang patut | sakyèh ngèstri dipun tingali | tan ana kang prayoga | lampahê ambanjur | wus prapta ing Surabaya | Yudakarti sêmana emut ing ati | amanggih sêsumbêran ||

5. wus ginănda kang banyu awangi | sigra angling marang Wăngsatruna | baya ing kene prênahe | pawèstri ingkang ayu | lah anêdha maring nagari | mantri ing Surabaya | pinêpak sadarum | sakathahe kang wanodya | ingkang wêling sang nata lamun apanggih | ing toya kang agănda ||

6. mapan pasthi pawèstri kapanggih | sigra laju dhatêng Surabaya | kang jinujug pitêngêne | Pangran Surabayèku [Suraba...]

--- 11 : 13 ---

[...yèku] | Mangunjaya wastaning mantri | utusan sampun prapta | prasamya alungguh | sampun atata alênggah | sigra angling Wăngsatruna Yudakarti | manira kang utusan ||

7. Jêng Susunan Narendra Matawis | mapan kinon ngulati wanodya | ingkang abêcik warnane | Mangunjaya andhêku | kang utusan amuwus malih | alah Ki Mangunjaya | pêpakên sadarum | wong wadon ing Surabaya | gêdhê cili[5] têkan anakê pêtinggi | ajana kaliwatan ||

8. Mangunjaya garjita ing ati | anyipta sajroning nalanira | emut kalamun putrane | warnanira yèn punjul | angluwihi wong sanagari | angucap jroning nala | baya anak ingsun | pinasthi karsaning Suksma | yèn kapundhut mring narendra ing Matawis | baya uwus katingal ||

9. Mangunjaya sigra dènnya angling | hèh sang duta kawula sandika | sang nata satimbalane | kinon mêpak sadarum | Surabaya sagunging èstri | pan pangraos kawula | kadi botên antuk | kawula darbe atmaja | èstri ayu ing ngriki tan wontên mirib | andika tingalana ||

10. lamun botên kangge putra mami | èstri ing Surabaya sadaya | dipun pêpakana kabèh | utusan sigra muwus | sokur bage dika pribadi | darbe putra priyoga[6] | kawula yun wêruh | Mangunjaya sigra ngundang | mring putranè wayahe rumaja putri | nanging dèrèng diwasa ||

11. lagi jêbên kêkêbêning bayi | lagi sêdhêngé birahi sêkar |

--- 11 : 14 ---

angedani sapolahe | sang rara sigra rawuh | ing ngarsane utusan aji | cahyanira lir wulan | wus purnamanipun | aturut ingkang sarira | jarijine arurus amucuk ing ri | sikilira malira ||

12. Yudakarti jomblak aningali | Wăngsatruna malongo kewala | angucap ing jro kalbune | iki si èstri ayu | sajêg ingsun aurip iki | durung ingsun tumingal | wanodya kayèku | baya wus karsane Suksma | èstri iki layak kagarwa narpati | utusan sigra mojar ||

13. hèh Mangunjaya manira iki | aningali maring putrandika | lêwih prayoga ature | dhatêng ing sang aulun | dening mangke ing karsa mami | putra dika katura | dhatêng sang aprabu | pan ing pasisir tan ana | èstri ingkang mèmpêre kadi puniki | ing sapaningal ingwang ||

14. Sangunjaya tumulya sira ngling | pan kawula kalangkung sumăngga | tan angraos adêdarbe | putra kawula iku | kaatura ing sang narpati | ing mangke kaparêngan | katur ing sang prabu | nadyan pêjah gêsang amba | tan angraos kawula adarbe urip | kagêngan sri narendra ||

15. kang utusan kalih sigra angling | lah anêdha sami adandana | manira bubar ing mangke | ya ta adandan sampun | Mangunjaya sarayatnèki | anulya sigra bubar | sang rara tinandhu | tan kawarna lampahira | sampun prapta anèng nagari Matawis | jujug Kawirarêjan ||

16. Ki Ngabèi Wirarêja nênggih |

--- 11 : 15 ---

pan kinarya lêlurah kapêdhak | Ki Yudabăngsa sisihe | Yudakarti tumanduk | Wăngsatruna pan sampun prapti | matur Ki Wirarêja | kawula pan antuk | pawèstri endah kang warna | kang atmaja Ki Mangunjaya anênggih | santri ing Surapringga ||

17. kadya layak katur ing nrêpati | inggih punika kawula bêkta | Mangunjaya sarayate | lanang wadon pan tumut | Wirarêja sigra dènnya ngling | pakênira undanga | manira yun wêruh | Mangunjaya wus ingundang | sigra prapta ing dalême ki ngabèi | anak rabi binêkta ||

18. Wirarêja sigra aningali | mring ni rara langkung ayunira | mung kapalang mêksih lare | Wirarêja amuwus | lah anêdha manira irid | marêk dhatêng sang nata | pawèstri kang ayu | tan layak wontên ing jaba | sigra mangkat Wirarêja aglis prapti | kandhêg ing wijil pisan ||

19. sampun katur dhatêng sri bupati | kang utusan ngulari dyah endah | angsal nanging maksih lare | èstri sigra pinundhut | tiningalan ing sri bupati | sri narendra karênan | sakalire pêthuk | cuwane sri naranata | pan wanodya kapalang durung birahi | sang nata angandika ||

20. maring nyai Wirarêja aris | lah gawanên mulih wismanira | lare kulahên awake | besuk yèn mangsanipun | èstri iku sêdhêng birahi | ing besuk lêbokêna | sigra awotsantun | Wirarêja sigra mêdal | sang dyah rara pan sampun binêkta mulih | maring Kawirarêjan ||

21. ênêngêna [ênêng...]

--- 11 : 16 ---

[...êna] ingkang sampun mulih | nyai Wirarêja praptèng wisma | wontên kang winarna malèh | anênggih garwanipun | jêng pangêran ing Singasari | sêmana kacarita | ulah lambangsantun | lawan jêng pangran dipatya | malah asasêcan dènnya lambangsari | lan pangeran dipatya ||

22. mangkana prasêtyanirèng nguni | pangran dipati mring sang kusuma | lah iya besuk ing têmbe | yèn ingsun madêg ratu | aywa sira sumêlang ati | pasthi ing besuk sira | sun jênêngkên ratu | iku yayi èstokêna | nanging kang garwa Pangêran Singasari | sêmu kalirwèng ujar ||

23. apan adarbe rêmênan kalih | radèn ayu ingkang rinêmênan | Radên Dhobras kêkasihe | dadya alambangsantun | lawan Radèn Dhobras puniki | dene Dhobras punika | apan arinipun | kang ibu pangran dipatya | dahat suka sêmana pangran dipati | sêtyane ingoncatan ||

24. apa malih Pangran Sisangari[7] | apan asangêt ing dukanira | dening ing wau garwane | aulah lambangsantun | lawan Radên Dhobras anênggih | nanging pangran dipatya | sêmana pan durung | kawanguran dènnya ulah | lambangsantun lan garwanira kang rayi | kapalang ingoncatan ||

25. mila tan taha pangran dipati | dènnya angling Pangran Singasêkar | mangkana pangandikane | adhi kayapa iku | de rabinê alambangsari | lawan si paman ika | kayapa sirèku | sênadyan iku si paman | yèn ala tekade piangkuh tan bêcik | luwih

--- 11 : 17 ---

ing karsanira ||

26. nuntên Radèn Dhobras dèn apusi | dhatêng ing Pangeran Singasêkar | mring kêbon alas puruge | sapraptane ing ngriku | Radèn Dhobras dipun pêjahi | gènnya ambucal tilas | linêbêtkên sumur | nulya tinanêman pisang | pan sinamun marmanê ika katitik | wong dèrès kang uninga ||

27. wusing prêmana gènnyasal titik | gya kêbon alas ginarudugan | anulya dhinudhuk age | wadyakèh kang andhudhuk | duk kapanggih kang punang jisim | marêngi punang arga | Marapi gumludhug | kang jisim sampun pinêtak | kawarnaa kang ardi anggêgirisi | swara kadya rubuha ||

28. gumaludhug tan pêgat swarèki | lajêng ladhu mudhun alorodan | saking arga anut lèpèn | myang kang sela atarung | pêcahira atêmah agni | ing pancorot katingal | anglir udan apuy[8] | ambèr nêmpuh padêdesan | pan akathah desa kang katêmpuh bêsmi | kathah longe wong pêjah ||

29. sêmana gègèr wong sa-Matawis | ulama mukmin kyèh muji donga | sirna ladhu pandongane | surud ing ponang ladhu | wong Mataram wus têntrêm malih | sêmana binabadan | babadirèng dangu | awarna muka pinanah | de sang ratu akathah datan winarni | wadyalit wus raharja ||

30. tan winarna ing alami-lami | ya ta kawarnaa sri narendra | animbali ing putrane | timbalana nak ingsun | ki dipati anom dèn aglis | kang kinon sigra mentar | anulya

--- 11 : 18 ---

acundhuk | lan pangeran adipatya | sigra mojar utusan anênimbali | gusti dika ngandikan ||

31. jêng pangeran adipati gipih | wus akampuh anulya lumampah | miyos bêbutulan bae | tan asuwe wus cundhuk | lan kang rama rajèng Matawis | jêng pangeran anêmbah | sumungkêm ing suku | anèng lêbu dêlamakan | sampun wungu anulya mundur wotsari | dènnya lênggah mangrêpa ||

32. jêng pangeran kalangkung dènnya jrih | mring kang rama manêkung mangrêpa | yèn tinon kalairane | sakèhe kang andulu | padha angrês kang aningali | pangrêpane pangeran | kalangkung jrihipun | tan măntra tatraping putra | sri narendra kang putra tansah liniring | kadi mijil kang waspa ||

86. Mijil

1. angandika sang nata amanis | lah ta putraningong | sun tingali sira wus agêdhe | pan wus pantês sikêp anak rabi | pan ing karsa mami | rabia nak ingsun ||

2. iya ingsun olih tingal bêcik | putri ing Carêbon | aprayoga iya ing warnane | lan maninge putraning bupati | amêngku nagari | padha trahing ratu ||

3. lamun sira panuju ing ati | maring tuduh ingong | tingalana sang putri warnane | lah mintara mring wisma dipati | ing Carêbon kaki | mangkata tumuluy[9] ||

4. ingkang putra tumulya wotsari | dènnya mundur alon | jêng pangeran ambanjur lampahe | tan kawarna ing marga wus prapti | wismane dipati | pan sampun atêmu [a...]

--- 11 : 19 ---

[...têmu] ||

5. Adipati Carêbon wus uning | atampi pasêmon | yèn pangeran dipati praptane | mring Carêbon anênontoni |[10] ing putrinirèki | dipati agupuh ||

6. sampun marêk sang raja pinutri | ayunira kaot | lampahira pan rada ginawe | sang dyah ayu tuhu yèn rêspati | wadane sawiji | rada wani kakung ||

7. jêng pangeran dipati ningali | manahira adoh | dening lanas sang putri tingale | datan ana tinaha ing ati | manggihi têtami | dahat dening purun ||

8. sampun waspada dènnya ningali | tan ana karaos | ya ta têbih pangeran tingale | tan antara pangeran sigramit | nulya sang dipati | ngatêrakên sampun ||

9. tan kawarna laminya ing mangkin | sanès winiraos | Wirarêja kocap gadhuhane | wus alawas amêpêk birahi | ingkang saya adi | warnanira mancur ||

10. amangun kiswa sang dyah birahi | kasmaran kang anon | arsa mampir ngabèi wismane | Wirarêja Pangeran wus prapti | malêbêt ing kori | anèng lataripun ||

11. sang dyah rara kapanggih ambathik | pandhapa wirangrong | kagyat mulat pangeran tingale | sang dyah rara nulya anglungani | bari nolih-nolih | amaoni gêlung ||

12. wus malêbêt ing wisma tumuli | kawarna sang sinom | jêng pangeran kadaud prayane | langkung êla-êla aningali | datan kêna angling | kagugu kang gêlung ||

13. Wirarêja agupuh

--- 11 : 20 ---

ningali | adipati anom | pinalayon angrangkul padane | Wirarêja matur awotsari | baya wontên kardi | sampêyan pukulun ||

14. kadingarèn pinarak mariki | adhuh gustiningong | pinanduka pinarêkna anggèr | pangeran maksih tan arsa angling | tan ana kaèsthi | mung wau kang gêlung ||

15. angandika pangeran aririh | paman sun atakon | èstri wau sintên kang aduwe | punapa putra dika pribadi | Ki Wirarêja ngling | aris aturipun ||

16. adhuh gusti amba apan darmi | anggadhuh kemawon | gêgadhahanê ramandikanggèr | asalipun pawèstri puniki | saking Surabanggi | Mangunjaya sunu ||

17. duk kapanggih èstri dèrèng akir | kature sang katong | tiningalan mring nata gêdhene | dadya ginadhahakên[11] ing mami | benjing yèn birahi | karsane pinundhut ||

18. dika dalêm benjing yèn birahi | aturna maringong | mangke sang dyah sêdhêng birahine | benjing Kêmis arsa kawulèki | kasaoskên gusti | katura sang prabu ||

19. jêng pangeran amiyarsa warti | sangsaya anglamong | sigra bubar tan amit undure | wus anitih kuda cinamêthi | anandêr kapati | kang angiring kantun ||

20. sampun prapta ing dalêmirèki | lajêng mring paturon | pan kalangkung kasmaran galihe | sang dyah rara kacipta ing ati | tan kêna abukti | tansah mangu-mangu ||

21. êmban inya garjita ing ati | mulat ing sang anom | dene [de...]

--- 11 : 21 ---

[...ne] tan kêna dhahar asare | wus kaduga ingkang dadi brangti | kèn êmban agipih | dhatêng eyangipun ||

22. tan asuwe kèn êmban wus prapti | Surabayan kang wong | nikèn êmban anangis ature | aturira êmban mring dipati | wayah dika gusti | tansah lêng-lêng mangu ||

23. pan kasmaran wingi aningali | ing dyah ayu kaot | Wirarêja pawèstri ênggone | sêsêngkêranira sri bupati | asaling pawèstri | ing Surabayèku ||

24. atmajane pun Mangunjayèki | pinundhut sang katong | pan punika kang dados brangtine | wayah tuwan tan kêna aguling | datan arsa bukti | mangke têksih mujung ||

25. jêng pangeran kagyat miyarsèki | aturing pamongmong | pan kewuhan sajroning nalane | saking ajrih maha sri bupati | dan Sang Ratu Pêkik | manahe anglampus ||

26. dening kang wayah anahên brangti | atêmah anglamong | dêdimène ingsun lampahane | nadyan duka asring narapati | tumêka ing jangji | pan ingsun wus sêpuh ||

27. putuningsun aja kongsi brangti | atêmah anglamong | ingkang garwa ingandikan age | sampun prapta sadaya kang rayi | sang dipati angling | payo padha labuh ||

28. apan iya mas putu dipati | kedanan wong wadon | pan sang nata sêsêngkêranane | mêngko payo padha labuh pati | kang garwa nuruti | kinanthi kang putu ||

87. Kinanthi

1. sang adipati amuwus | saosa tandhu lan joli | kang kinon [kino...]

--- 11 : 22 ---

[...n] sigra lumampah | tandhu joli wus cumawis | sang adipati lumampah | kang para garwa angiring ||

2. para garwa nitih tandhu | pawongan lumampah sami | tan kawarna lakunira | Kawirarêjan wus prapti | kang tunggu lawang tumingal | yèn ratu pêkik kang prapti ||

3. sampun matur gustinipun | Ki Wirarêja agipih | amêthuk ing paregolan | mêndhak sarwi matur bêkti | Ki Wirarêja aturnya | sampeyan pinarêk ngriki ||

4. kawula turi tumanduk | ing wisma kawula gusti | wus lumêbu akaliyan | miwah sêlir para nyai | sami malêbu sadaya | wus prapta sami alinggih ||

5. sang adipati amuwus | Ki Wirarêja nak mami | praptaningsun iki uga | ana tutur ing sirèki | nênggih putra pakanira[12] | kae putu mas dipati ||

6. pan ing mangke anggung wuyung | satêkanipun ing ngriki | ing mangke karsa manira | yèn sêmbada lan sirèki | gêgadhahan pakanira | rara kênya ingkang adi ||

7. pan ing mangke ta puniku | sun jaluk tambaning agring | yèn ana dukaning nata | katêmua maring mami | nadyan têmah ana pêjah | manira kang anglabuhi ||

8. Ki Wirarêja amuwus | punika nênêdha mami | sampeyan adarbe karsa | amundhut dhatêng pawèstri | kawula dahat lênggana | ajrih dhatêng sri bupati ||

9. punika pan sampun katur | mila ginadhahkên[13] kami | kariyin dèrèng diwasa | ing mangke sampun birahi | pan inganti kalamăngsa | benjing katur ing nrêpati ||

--- 11 : 23 ---

10. sampeyan arsa amundhut | dhumatêng èstri puniki | dados punapa kawula | katura dhatêng sang aji | mandahane ingkang duka | kawula dipun pêjahi ||

11. ratu pêkik pan anjêtung | kèwêdan sajroning galih | amiyarsa aturira | Wirarêja ambênêri | sang adipatya kèwêdan | tumulya alon dènnya ngling ||

12. Ki Wirarêja nak ingsun | bênêr saking ing sirèki | ajrih dukaning sang nata | nanging ta wruhanirèki | pan manira datan salah | anjaluk marang pawèstri ||

13. ing sabênêr-bênêripun | punika wêwêngkon mami | wong têka ing Surabaya | pantês putu kang darbèni | kewuhan ing manahira | Wirarêja tan kênangling ||

14. pangeran malih amuwus | Wirarêja anak mami | yèn ana dukane nata | manira kang anangguhi | lah ta iki sisim[14] ingwang | ingsun asungkên sirêki ||

15. intên kalih rêga sèwu | kalawan dhuwung kêkalih | manira lila ing sira | aja walang ati malih | para garwa sigra ngucap | mring rabine ki ngabèi ||

16. ni bok mantu awèh ingsun | kancana kalawan picis | lan iki ingkang busana | lah tampanana nak mami | rabine Ki Wirarêja | suka tyasira ningali ||

17. sêsotya tinampan sampun | pan sarwi mojar ing laki | kiyai kaya punapa | dika mênêng-mênêng iki | kaya ta ajrih ing nata | jêng pangeran anangguhi ||

18. lawan bênêr ujaripun | pangran ingkang andarbèni | pan angsal ing Surabaya [Suraba...]

--- 11 : 24 ---

[...ya] | wêwêngkone kangjêng gusti | layak lamun kagarwaa | maring pangeran dipati ||

19. măngsa dukaa sang prabu | yèn pangeran ingkang ngambil | wingi ingsun amiyarsa | pangeran tinari krami | mêngko ta kapasang yoga | ana kang dipun karsani ||

20. sanadyan dadosa bêndu | pan ana ingkang nangguhi | puniku karsa manira | sang rara katura mangkin | pangeran brăngta angarang | malar dadia jêjampi ||

21. Ki Wirarêja wus kenyut | kagunturan mring kang rabi | sang rara sigra ingundang | wus prapta ngarsanirèki | sigra ingkang para garwa | sang rara sampun kinanthi ||

22. sang adipati amuwus | Wirarêja putra èstri | iki silih wruhanira | gawe orêg ing nagari | dadi dukane sang nata | yèn sisip ambêbayani ||

23. wus sun jarag yèn alabuh | nanging sêdyaningsun iki | putuningsun waluyaa | tulusa wibawa mukti | ingsun kang anglakonana | lara tumêkaa pati ||

24. pasthi sang nata yèn bêndu | Wirarêja putra mami | singa benjing kasarakat | kadukan dening nrêpati | nanging wus karsaning Suksma | mapan tan kêna gumingsir ||

25. lah anak amita ingsun | Ki Wirarêja tur bêkti | sang dyah rara wus binêkta | tinitihakên ing joli | pangeran ing Surabaya | wus bubar lampahe aglis ||

26. lampahira pan ambanjur | prapta kadipatèn aglis | lumêbêt sang adipatya | ingiring ing para rabi | Sang Dyah Hoyi namanira | binêkta sampun kapanggih ||

27. kalawan [ka...]

--- 11 : 25 ---

[...lawan] sang rajasunu | pangeran ngandika aris | mas putu ja manggung brăngta | manira angsal jêjampi | saking ing Kawirarêjan | patut kinarya akrami ||

28. lah ta nyawa putuningsun | pangeran suka ing galih | sang rajaputra kasmaran | tumingal ing dyah kang adi | manahe tanpa rereyan | kang eyang sampun udani ||

29. lah ta nyawa putuningsun | aja sira walang ati | yèn ana dukaning nata | manira kang anangguhi | tumêka ing lara pêjah | manira kang anglabuhi ||

30. kang wayah alon amuwus | sarwi sira awotsari | pangeran ing Surabaya | angling putu ingsun mulih | kariya pêpêngantenan | sigra bubar sang dipati ||

31. sampun rawuh dalêmipun | kawarnaa ingkang kari | rajaputra ing Mataram | anulya nambut sang dèwi | binêkta maring paprêman | sang dyah ayu kongah-kangih ||

32. rajaputra angrêrungrum | dhuh mas mirahingsun gusti | kawula atur uninga | lami kawula ningali | wong ayu maring ing sira | tan kêna dhahar aguling ||

33. andina-dinagung wuyung | amung sira kang kaèsthi | ing mêngko angrasa gêsang | apanggih lan sira gusti | lir kadi katiban wulan | nêdhênge purnama sidhi ||

34. sang dyah ayu aris matur | manawi botên sayêkti | sampun watêke wong priya | yèn darbe karsa mring èstri | lamun dèrèng kalampahan | basanipun sanggup asih ||

35. yèn katutugan ing kayun | aglis mungkure tan sipi | punika kawula mirsa |

--- 11 : 26 ---

lumrah ujaring pawèstri | watêking priya mangkana | pilih kakung kang sayêkti ||

36. angandika rajasunu | adhuh ariningsun gusti | bênêr kaya ujarira | katêmu ujaring jalmi | yèn mungguh ingsun mas mirah | têka andêlên mas yayi ||

37. muga timbila sagênuk | yèn ingsun cidra mas gusti | kithinga tanganku kiwa | tumulya angling sang dèwi | ping kalih atur kawula | rêraga kawula gusti ||

38. rumiyin pan sampun katur | dhatêng rama padukaji | dening ing mangke paduka | akarsa dhatêng ing kami | manawa duka sang nata | kawula dipun pêjahi ||

39. rajaputra alon ngrangkul | tur sarwi angaras pipi | arum ingkang pangandika | dhuh mas mirahingsun yayi | manawa duka jêng rama | pan ora ingsun gingsiri ||

40. nadyan tumêka ing lampus | wong kêkalih kang nglampahi | rajaputra angrêrêpa | arsa dhatêngakên kapti | angungkih padoning wastra | sang dyah tangkis sarya angling ||

41. dhuh pangeran kae sampun | andika arsa punapi | astane ya guragapan | kang raka ngaras sarya ngling | dhuh mas mirah kang sun têdha | kang dadi usada agring ||

42. yêkti ingsun mati wuyung | yèn sira tan anjampèni | yêkti sun pêjah ing ngarang | yèn sira tan tulus asih | kang kakung sira ngrêrêpa | sang dyah ayu wus kagimir ||

43. kagunturan ing pangrungrum | sang dyah sampun angladosi | sang kakung nêkakkên karsa | tutug kang akaron rêsmi | sarêng wayah byar rahina | sampun bêdhah kutha Mêsir ||

44. tan kawarna laminipun |

--- 11 : 27 ---

rajaputra langkung asih | kalihe sami katrêsnan | ri sampun alami-lami | sang nata andangu sang dyah | katur yèn sampun apanggih ||

45. kalawan sang rajasunu | mila kalampahan panggih | pangeran ing Surapringga | punika kang anangguhi | sang nata kalangkung duka | mirsa sang lwir gêndhis panggih ||

88. Dhandhanggula

1. sri narendra kalangkung aruntik | mring kang paman Pangran Surapringga | kumêjot padon lathine | Sri Narendra Matarum | sangsaya kagugu kariyin | duk Pangran Surabaya | kala atur-atur | sata bakisar mring nata | sri narendra dukanira anêkani | mring Pangran Surabaya ||

2. malah sampun pangran dèn têlasi | kalawan saanak putunira | wong patang puluh cacahe | kang tinêlasan wau | dening Sri Narendra Matawis | sadaya ngêmu waspa | sakwèh kang andulu | dêning ta datanpa dosa | kawarnaa Kyai Wirarêja malih | dinukan ing sang nata ||

3. kinesahakên saanak rabi | dinèkèk nagri ing Pranaraga | lami-lami têmahane | Wirarêja puniku | pinêjahan dhatêng sang aji | wau kangjêng pangeran | dipati winuwus | dinukan dhatêng sang rama | sri narendra asangêt dènira runtik | timbalannya mangkana ||

4. lah timbalana sang adipati | Sahoyi iku dèn patènana | gya dèn patènana dhewe | yèn tan kalakon iku | sayêktine si adipati | pan dudu anak ingwang | sapamirsanipun | pangran timbalan ing

--- 11 : 28 ---

rama | sakêlangkung asakit sajroning galih | sang rara gya pinatyan ||

5. anèng pangkon cinublês pribadi | pêjahira sang rara punika | Ki Mangunjaya anake | ri sampun ing puniku | jêng pangeran dipati aglis | tinundhung mring Lipura | dening dalêmipun | ing kadipatèn sêmana | jinarahan èstrinipun dèn boyongi | linêbêtakên pura ||

6. miwah rajabrana apan ênting | jinarahan tan wontên kantuna | punapadene dalême | sakadipatèn lêbur | apan têlas dipun obongi | tan winarna laminya | dhawuhing bêbêndu | pangeran wus ingapura | de sang nata wus tinêtêpakên malih | ing dalêm kadipatyan ||

68. Trunajaya mantuk dhatêng Sama tata-tata badhe ambêdhah Mataram.

7. sêmana sang prabu ing Matawis | apan owah lawan kina-kina | lamine tan kadi mangke | kang gêlarakên wau | wêsiasatira nglangkungi | kathah ngalap-alapan | mantri myang tumênggung | bupati miwah santana | sami risak manahe wong sa-Matawis | jalajat praja rêngka ||

8. akathah wau ingkang winarni | grahana surya kalawan wulan | limunan obar-abire | dalu lintang kumukus | udan salah măngsa kang prapti | jalajat ing nagara | rêngka kèh kadulu | ya ta ingkang kawarnaa | Jêng Pangeran Dipati Anom Matawis | kang rudatin ing nala ||

9. kang tansah dados brăngta wiyadi | sasedanira wau

--- 11 : 29 ---

kang eyang | kang dados wode galihe | Pangran Surabayèku | dening kêdhik dosanirèki | kongsi tumêkèng pêjah | sanak putunipun | miwah kang para santana | ing Mataram tan ana eca kang galih | myang bupati sadaya ||

10. nanging para bupati Matawis | amung kang tansah ingarsa-arsa | kang prayoga jumênênge | narendra nèng Matarum | pra santana miwah bupati | sadaya sami rêmbag | pangran jênêngipun | nanging pangeran dipatya | duk sêmana tansah kewran jroning galih | dening tansah kang rama ||

11. yèn jumênênga anèng Matawis | kayapriye ênggèn angêndhiha | ing rama prabu jênênge | mandah ta ucapipun | nagara lyan ingkang ngraosi | iya kocaping jana | katujua purun | bapa amêcah atmaja | dadya pangran dipati tansah ngulari | kang kinarya warana ||

12. angulari kang prawira sêkti | watara kang kawawi amrata | nagara Mataram kabèh | nanging ta dèrèng antuk | kang karaos dados ing kanthi | ingkang amiwitana | ing karsa puniku | anêlukêna ing wadya | ya ta pangran dipati micarèng ati | mangkana ciptanira ||

13. datan ana prayogane malih | liyana si eyang ing Kajoran | sun karya ling-aling mangke | dening prakosa iku | lan asêkti sangêt tapèki | si eyang ing Kajoran | ing wataraningsun | kawawa bêdhah Mataram | adipati anom wus kinèn nimbali | lêlurahe têtiga ||

14. kang aran Pranantaka [Prana...]

--- 11 : 30 ---

[...ntaka] lan Sêndhi | katiga aran Ki Ondakara | wus samya praptèng ngayune | pangran dipati muwus | lah dèn padha kaparèng ngarsi | iya sira dèn bisa | ngong duta sirèku | alah iya ta turêna | sêrat ingsun mring eyang Kajoran aglis | pema[15] wawêkas inghwang[16] ||

15. lah dèn kondang si eyang mariki | mêmatur yèn ingsun duwe rêmbag | mring eyang Kajoran mangke | apranata wotsantun | Ondakara nampèni tulis | kalih wus atur sêmbah | lumèngsèr ing ngayun | lêlampah agêgancangan | dahat dhêmit lampahira tan winarni | wus prapta ing Kajoran ||

16. Pranantaka wus akintun wêling | dhatêng sira panêmbahan rama | kalamun wontên dutane | dipatyanom Matarum | lampahira amawi tulis | Pangran Kajoran sigra | têdhak dènnya lungguh | arsa manggihi dhatêngan | apan sampun tinimbalan duta kalih | ngawe dèn maring ngarsa ||

17. ri sampunnya samya tata linggih | Ondakara aris aturira | lampah kawula kinèngkèn | de wayah tuwan iku | Jêng Pangran Dipati Matawis | kinèn amba marêka | ing tuwan pukulun | kinèn ngaturakên sêrat | Pangran Kajoran agya atampi tulis | sêrat sigra binuka ||

18. gya winaca sinuksma ing ati | pèngêt bêbukaning ingkang sêrat | jêng pangeran dipatine | kaatura puniku | mring pun kaki Kajoran nênggih | ingkang adi utama | ri sasampunipun | ingkang kadya sapunika | wiyosipun andika kula aturi [a...]

--- 11 : 31 ---

[...turi] | pinarêk ing Mataram ||

19. saking èmênge kang manah mangkin | mila kawula tari andika | pan tan wontên prayogine | kang madhangênèng kalbu | liya saking pun kaki ugi | kang jungjung awak ingwang | tan ana lyanipun | mung pun eyang ing Kajoran | ingkang yogya mangkê kawula tangisi | sampuning maca surat ||

20. panêmbahan mênggah jroning galih | kaya ngapa baya ingkang karsa | jêng pangeran iki mangke | datan anduga ingsun | pasêmone kang sêrat iki | dening ngong tinimbalan | tan kawarna sampun | kering Pangeran Kajoran | mring Mataram datan kawarna ing margi | ing kadipatèn prapta ||

21. Ki Pranantaka wus atur uning | mring gusti pangeran adipatya | yèn pangeran prapta mangke | Pangran Kajoran nêngguh | aris mojar pangran dipati | lah para aturana | si eyang malêbu | ya ta sampun tinimbalan | Pangeran Kajoran mring pangran dipati | wus atata alênggah ||

22. samana wus kapanggih pribadi | panêmbahan lan pangran dipatya | kang abdi tinundhung kabèh | Ondakara kang kantun | lawan sira Kiyai Sêndhi | katiga Pranantaka | aris dènnya muwus | wau pangeran dipatya | mring kang eyang Pangeran Kajoran nênggih | eyang inggih andika ||

23. mila ing mangke kula aturi | kularsa gunêm pikir lan dika | yèn rêmbag eyang ing mangke | dening nagri Matarum | salamine tan kadi mangkin | eyang mangke punika | tiyang sa-Matarum |

--- 11 : 32 ---

sami risak manahira | pra santana tan wontên eca kang galih | miwah para dipatya ||

24. dening mangke prabu ing Matawis | apan beda lan kang kina-kina | pramila eyang ing mangke | inggih kawula tantun | lamun rêmbag andika kaki | arsane wong Mataram | bupati tumênggung | miwah kang para santana | pan manira jinunjung dados narpati | anggêntèni ing rama ||

25. jumênênga prabu ing Matawis | nanging manira eyang kèmêngan | dene ta puniku taksèh | jênênge rama prabu | mandah silih ucaping janmi | lamun kongsi manira | mungsuh rama prabu | kayapa polah manira | dening bapa lan anak arêbut puri | iku merang manira ||

26. mila pun kaki mangke ngong tari | arsa ngong karya waranèng yuda | yèn rêmbag kaki karsane | ngrêbata ing Matarum | pan manira kang ambeyani | kang awarni gêgaman | myang rajabranèku | sakarsa dhatêng sumăngga | sampun dika eyang walang galih malih | ing pangraos manira ||

27. yèn andika saèstu ambalik | para mantri Matawis sadaya | kadi yèn ambalik kabèh | akêdhik ingkang kantun | pan kawula ingkang mangsiti | nanging dika kenginga | eyang karsaningsun | andika sun karya gêlar | Pangeran Kajoran aturira aris | gusti lamun kenginga ||

28. dipun sumêne gusti ing galih | pan nagari Mataram punika | kagêngan paduka anggèr | lamun seda sang prabu | sintên yogya ingkang gumanti | liya pangran [pa...]

--- 11 : 33 ---

[...ngran] dipatya | tanna yogyanipun | dipun asabar ing karsa | măngsa wande ing têmbe gusti dhatêngi | sampun anggege măngsa ||

29. angandika pangeran dipati | inggih alêrês pemut andika | eyang tan wontên dedene | nanging dede puniku | kang manira karsakkên mangkin | lah kadipundi eyang | dhatêng dika turut | karsa manira punika | pan andika manira karya ling-aling | jungjung lênggah manira ||

30. Pangran Kajoran èmêng ing galih | dening kangjêng pangeran dipatya | asangêt ing panggubêle | Pangran Kajoran wau | ya ta emut sajroning galih | yèn darbe mantu ika | prawira ing kewuh | anama Dyan Trunajaya | tur prajurit ingkang apêputra nguni | nênggih Dêmang Malaya ||

31. iya kang pêjah kala kariyin | pêrang lan pangran ing Danupaya | pan sasedane ramane | Trunajaya pan timur | ingkang paman ika gêntèni | kang anèng ing Madura | nênggih namanipun | Adipati Cakraningrat | nanging têtiyang Madura agêng alit | tan ana ecèng manah ||

32. amung Ki Trunajaya anênggih | ika kang tansah ingarsa-arsa | dening wong Madura kabèh | Ki Trunajaya iku | kalanira duk maksih alit | angèngèr ingkang paman | lama-lama iku | Trunajaya pan diwasa | winastanan iku saya angramuhi[17] | mring putrane dipatya ||

33. milanipun arsa dèn pêjahi | Trunajaya nanging wong Madura | akathah wlas asih kabèh | mila gêsang puniku | pan angungsi

--- 11 : 34 ---

pangran dipati | Trunajaya punika | nanging sakèhipun | wong kadipatèn sadaya | sinorogan maring sira Sang Dipati | Cakraningrat ing Sampang ||

34. pinrih aja katur dènnya ngabdi | milanipun kaki Trunajaya | sêmana pangawulane | tan antuk marginipun | ambalayang saparannèki | apan kalunta-lunta | lama-lama iku | pinêndhêt mantu pangeran | ing Kajoran sakêlangkung dènirasih | wantune wong atapa ||

35. Pangran Kajoran pan wruh ing wadi | wis uninga yèn Ki Trunajaya | dadi prajurit ing têmbe | ingkang sayogya iku | bisa ngobahakên ing benjing | nagari ing Mataram | milane ingugung | dèn mong ing sapolahira | mring Pangeran Kajoran punika nênggih | wontên ingarsa-arsa ||

36. Pangran Kajoran ngandika aris | yèn makatên gusti ingkang karsa | kawula pituduh bae | kawula darbe mantu | Trunajaya ingkang wêwangi | putranipun Ki Dêmang | Malaya kang lampus | lan Pangeran Danupaya | pan punika mas gusti apan prayogi | kinaryaa warana ||

37. angadêg anèng Madura benjing | dening gusti wirayat kawula | mèh tumêka ing jangjine | nagri Mataram sêpuh | apan sampun karsaning Widi | nagri Mataram rêngka | sirna jênêngipun | inggih nagri ing Mataram | datan kêna gingsirana wus pinêsthi | yèn rusak kang nagara ||

38. nanging kantun ingkang amiwiti | benjing gusti pasthi lamun ana | ingkang miwiti ing gawe | wikana sangkanipun | wus pinasthi [pin...]

--- 11 : 35 ---

[...asthi] karsaning Widi | kang ngrusak ing Mataram | têkèng jangjinipun | nanging ta gusti kawula | apan lumuh kapiawon ing ramaji | amiwitana karya ||

39. mila kawula akarya wakil | Trunajaya wus awak kawula | pangran dipati dêlinge | kawula ayun wêruh | alah eyang dika timbali | kang aran Trunajaya | ri saksana wau | Trunajaya tinimbalan | sampun prapta samana ngarsaning gusti | pangran rêsêp kang manah ||

40. Pangran Kajoran ngandika aris | mila sira iki tinimbalan | ing gustimu nah ing anggèr | tinari sirèng kewuh | lamun sira kaki ta bangkit | ya kinarya warana | tumêka ing lampus | sira pan kinèn awayang | awakira iya kaki karya ringgit | alah sira dèn bisa ||

41. yèn paringgitira datan bangkit | ing awayang narajang kêkêran | gonira aringgit radèn | pan karubuhan panggung | pasthi sira tumêkèng pati | Trunajaya anduga | sêmune sang wiku | yèn kinarya lêlampahan | aturipun sandika datan gumingsir | nadyan tumêkèng pêjah ||

42. anglampahi ayahaning gusti | nadyan lêbura kadya pratala | ingkang abdi upamane | tan garantês sarambut | sukalila tumêkèng pati | pangeran adipatya | asuka tyasipun | dene wau pamiyarsa | ing sanggupe Trunajaya tan gumingsir | amêngsah ing Mataram ||

43. angandika pangeran dipati | alah iya kaki Trunajaya | ing Sampang sun têdhakake | nanging ta wêkas ingsun | Trunajaya [Truna...]

--- 11 : 36 ---

[...jaya] sira dèn bangkit | ingsun karya warana | dèn samun ing laku | lah uwis sira muliha | marang Sampang sira irupa pribadi | wong Sampang samadaya ||

44. alah sira bêbêga tumuli | aja ana seba mring Mataram | wong ing Sampang sarupane | dimèn dipatinipun | nèng Mataram kari pribadi | dening parabotira | kang beyani ingsun | ngadêga anèng Madura | nêlukêna pasisir măncanêgari | sira amiwitana ||

45. Trunajaya anêmbah nuhun sih | tan kawarna ing sasolahira | Pangran Kajoran wus mulèh | kalayan putranipun | Trunajaya ingkang wêwangi | arsa mulih mring Sampang | apan ta wus rêmbug | lawan panêmbahan rama | ingkang putra kinon miwiti kariyin | ngadêga Surabaya ||

46. dening besuk yèn kuwur Matawis | ingsun anusul maring ing sira | ing mêngko iki usume | ing Mataram wus sêpuh | wus pinasthi dening Hyang Widi | sirna jênêng Mataram | ya wirayat ingsun | milane sira ngong duta | miwitana pasthi bêdhahing Matawis | dening wadya Madura ||

47. sampun têlas dènira mêmêling | Trunajaya wus mulih mring Sampang | lawan saanak renane | tan kawarna ing ênu | ing Madura pan sampun prapti | pangeran ing Madura | nèng nagri Matarum | wong Madura kèh amapag | marang Trunajaya sêmana wus prapti | ing dalême kang paman ||

48. datan ana wani amalangi | pan punika gustinipun lama | ingajêng-ajêng lawase | ramanipun karuhun | ing Mataram [Ma...]

--- 11 : 37 ---

[...taram] kang anduwèni | milanipun wong Sampang | sadayane suyud | kang datan eca kang manah | wong Madura apan ta ingantêp wani | ing Radèn Trunajaya ||

49. iya pira lamine ing mangkin | wong Madura tan seba Mataram | binêbêgan sawarnine | wong Madura sumuyud | marang Trunajaya wus rakit | sêdya mungsuh Mataram | tan kawarna wau | ingkang ganti cinarita | nênggih wontên papalayon sêdya ngungsi | saking nagri Makasar ||

69. Nagari Pajarakan dipun jarah rayah prajurit saking Makasar.

50. apan kawon arêbat nagari | lan kadange milanê ngajawa | lawan saanak renane | ambêkta wong rongèwu | Krèng Galèngsong ingkang wêwangi | lawan prajuritira | aran Busung Marnung | aran Panji Karunuban | Dhaèng Makici[18] lan Dhaèng Wasagêni | iku prajuritira ||

51. watêkipun wong kawon ajurit | sangu têlas sami angrêrayah | lwir singalodra polahe | wong Paminggir misuwur | wong Makasar ingkang nginggahi | prasamya angrêrayah | wong Paminggir mawut | nagari ing Pajarakan | kang rinayah jroning kitha apan ênting | têpis iring pan têlas ||

52. wong Pajarakan pan sami ngili | saanak rayat pan apuyêngan | sadaya giris manahe | lan dede bangsanipun | wong Makasar anggêgilani | dening gêgêdhenira | amondhok ing Dêmung | wong têpis iring bang wêtan | kang kacandhak [ka...]

--- 11 : 38 ---

[...candhak] apan sami dèn jarahi | angili apuyêngan ||

53. apan maksih anèng ing Matawis | sira ngabèi ing Pajarakan | mila suwung nagarane | ya ta ingkang winuwus | sang aprabu natèng Matawis | pan lagya sinewaka | wau kang sinuhun | pêpak ingkang para putra | myang santana satriya para prajurit | andhèr amagêlaran ||

54. kang munggwèng ngarsanira narpati | Pangran Dipati Anom Mataram | ajajar lawan arine | Pangeran Singasantun | lan Pangeran Pugêr anênggih | Pangeran Martasana | iku munggwèng ngayun | anuli para santana | Jêng Pangeran Purubaya pan anangkil | Pangeran Pringgalaya ||

55. lawan radèn tumênggung Matawis | lan sira Jêng Pangeran Balitar | Wiramênggala jajare | Wiratmêja nèng pungkur | Dyan Prawirataruna nangkil | lawan Panji Karsula | Wirakarti ngayun | Tumênggung Mangunnêgara | pan pêpakan para bupati Matawis | andhèr ing pagêlaran ||

56. wadanane lan măncanagari | Darmayuda sira Pasuruan | apan ta wau ta pepe | anèng waringin kurung | lawan kancanira dipati | Ngabèi Prabalingga | lawan jajaripun | Nalidika ing Caruban | Wirasaba Ki Ngabèi Wiragati | Ngabèi Pajarakan ||

57. gêmbong Angabèhi Wăngsagati | tiyang măncanagari sadaya | nèng waringin kurung pepe | kadêngangan sang prabu | angandika natèng Matawis | sapa apepe ika | nèng waringin kurung | matur Pangeran Prubaya | inggih [ing...]

--- 11 : 39 ---

[...gih] abdi paduka sri narapati | Ngabèi Darmayuda ||

58. lan kancanipun măncanêgari | sami apepe waringin kêmbar | sri naranata dêlinge | lah gandhèk dèn agupuh | timbalana ing ngarsa mami | sira gandhèk agêpah | lampahe lumayu | nimbali Ki Darmayuda | sakancane agêpah kang dèn timbali | lumayu mamêndhapan ||

59. prapta ngajêngan sri narapati | mukanya sami konjêm ing lêmah | kang sowan sumuyud kabèh | angandika sang prabu | apa sira pèpèkkên kami | Darmayuda tur sêmbah | kawula anuhun | ngaturakên pêjah gêsang | Darmayuda tiwas atêngga nagari | ing tampingan bang wetan ||

60. wontên mêngsah Makasar nginggahi | watawis têtiyang kalih nambang | pun Galèngsong pangajênge | langkung dening arusuh | angrêrayah ing têpis iring | nagari Pajarakan | kang rinayah gêmpur | abdi dalêm apuyêngan | kang abăngga apan sami dèn pêjahi | ingkang nurut rinayah ||

61. risak abdi dalêm têpis iring | inggih tiyang Makasar punika | wontên Dêmung gêgêdhene | kawula nuhun bêndu | kadospundi karsa narpati | sang nata ing Mataram | angandika arum | yèn mangkono Darmayuda | lah sakèhê iya wong măncanagari | nuli padha muliha ||

62. alah sira papaga tumuli | mungsuh Makasar kang lagi munggah | bang wêtan kêrigên kabèh | angluruga mring Dêmung | lah sun wèhi sira têtindhih | Si Karsula miyanga | nindhihana

--- 11 : 40 ---

laku | prange wong măncanagara | anggawaa lah sira mantri panumping | wong sèwu numbakanyar ||

63. wontên lêlurahing saragêni | sira Angabèhi Saradipa | ya ta ingandikan age | sampun jinunjung lungguh | pinatêdhan sira nagari | ing Jêpara punika | nuli kinèn mantuk | anakmu sira gawaa | lawan sira Si Ngabèi Jagagati | lawan Jayamênggala ||

64. iya kalawan Si Wiragati | padha milua marang Japara | dening lêlungguhmu dhewe | sira wèhna nganakmu | ya Si Tanumênggala iki | tugura ing Japara | saragêniningsun | Si Gunturgêni milua | lan Si Gulu bêcik lèrèn dèn tumuli | iya maring Japara ||

65. lawan lêlurahe wong pasisir | Mangunnagara sira gawakna | marang Jêpara sakèhe | dêdimone atugur | nèng Jêpara dên ngati-ati | ya ta sri naranata | sêmana wus kondur | mantuk dhatêng dalêm pura | kang asowan luwaran ing păncaniti | nêmbang yudakênaka ||

89. Pangkur

1. orêg wadya ing Mataram | pan ing Taji dènnya amêpak baris | abanjêng sajuru-juru | asri ingkang busana | pan wong măncanagara wadananipun | Darmayuda Pasuruan | wau kang dados têtindhih ||

2. para bupati bang wêtan | sadayane sami wisma Matawis | anèng ing Taji akumpul | Warung lan Garobogan | ing Sêsela ing Balora wus akumpul | ing Jipang lan Jagaraga | Kaduwang lan Panaragi ||

3. Madiun [Madi...]

--- 11 : 41 ---

[...un] lan Pamagêtan | ing Kalangbrèt kumpul lawan wong Rawi | ing Kadhiri wus akumpul | Sarêngat lan Balitar | Wirasaba Pasuruan wus akumpul | prasami anata bala | Pasuruan lan ing Bangil ||

4. gêgaman wus amalatar | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katut ing samirana | kadya ombak ing samodra yèn dinulu | gêgamane warna-warna | kadya ta prawata sari ||

5. gêbyaring sanjata lanang | kadya kilat yèn tinon angajrihi | bêndhe tinêmbang angungkung | angrok swaraning bala | kadya gêrah kricike watang atarung | asrang gadêbêge bala | kadya udan sinêmèni ||

6. waos binang winêgigan | laring banyak tiningalan tulyasri | waos bung ampèl lan wargu | cêmung kumbala badhak | kang jininggring waos cêmêng munggwing ngayun | lêlayu pan tinon amyang | wong satus anumbak putih ||

7. ya ta wau kawarnaa | Panji Karsula dados senapati | tiyang Japan pan akumpul | iku santananira | Ki Apanji saking Japan asalipun | mila nagari ing Japan | sinungakên ing sang aji ||

8. lan dadi wadananira | wong panumping punika kang sapalih | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | kapal agêm apan kinapanan sampun | kang bala umyung gumêrah | sami asaos ing jawi ||

9. lagya apamit ing garwa | para putra nangis abêbondhèti | apan sami kêdah [kê...]

--- 11 : 42 ---

[...dah] tumut | ing rama Mangunyuda | nanging rama tan suka tansah angimur | mring putra myang para garwa | Panji Karsula mangkya ngling ||

10. lah uwis padha kariya | dèn abêcik-bêcik sapungkur mami | kaya ingsun ora mantuk | yayi pangrasaningwang | lamun ingsun yayi tumêka ing lampus | sun atitip putranira | dening iku maksih cili[19] ||

11. kang garwa matur karuna | milandika kiyai andarbèni | pangandika kang kayèku | dening sêdya kawula | mugi dika tulusa ngong awu-awu | nora bisa angawula | liyane saking kiyai ||

12. Panji Karsula ngandika | apan uwus ingsun karasèng ati | inggih mungsuh ingkang rawuh | kalangkung dening awrat | apan ingsun pinatayan ing sang prabu | ingsun kinèn nindhihana | prange wong măncanagari ||

13. yèn tan ngêntasana karya | pasthi ingsun yayi ora amulih | tan kawarna lampahipun | sêmana sampun bubar | kang tinilar sami karuna gêng wuyung | sira Ki Panji Karsula | bubar kang bala angiring ||

14. wong sèwu anumbakanyar | wong Bumija kalawan wong Panumping | gêgaman abra dinulu | kadya prawata sêkar | tan kawarna ing Taji pan sampun rawuh | têmpuh gêgaman Mataram | kalawan măncanêgari ||

15. pêpakan para niyaka | măncanagri sami arêmbag pikir | Panji Karsula amuwus | nêdha sami arêmbag | sampun wontên pradudonira ing laku | lah nêdha pinatah-patah | pangawat kiwa lan keri[20] ||

--- 11 : 43 ---

16. ing mangke rêmbag manira | Ănggajaya dadi pangawat kering | anindhihana ing laku | wong Jipang lan Balora | ing Kaduwang Pamagêtan lan Madiun | ing Warung lan Garobogan | dadia pangawat keri[21] ||

17. dening kakang Darmayuda | anèng kanan kang dadia têtindhih | dèn sami prayitnèng kewuh | kang dipun tindhihana | wong Garêsik punika sawarninipun | Sarêngat lawan Balitar | Prabalingga lan ing Bangil ||

18. kang dadi cucuking yuda | wong Kadhiri kalawan Panaragi | Wirasaba kanthinipun | lawan wong Kartasana | benjing têmah ajana mundur ing kewuh | yèn ana mundur ing prana | sun sosog têka ing wuri ||

19. manira kang dadi dhadha | kang sun kanthi amunga wong Matawis | sadaya sami arêmbug | sakèh para dipatya | enjing bubar umyang kang bala gumuruh | asrang lan triciking watang | kadi udan sinêmèni ||

20. untape punang gêgaman | yèn sinawang kadi prawata sari | swaraning bala anguwuh | ing rowang kadi gêrah | kang gêgaman awarna-warna dinulu | kadi wukir kawêlagar | tanpa wilangan kyèh baris ||

21. datan kawarna ing marga | nagri Japan sêmana sampun prapti | atatan-tatan akumpul | sami prayitnèng baya | wus atata sigra laju maring Dêmung | sigra ngantêp ing ayuda | kang wadya kagiri-giri ||

22. ya ta wau kawarnaa | wong Makasar sampun midhangêt warti | yèn wong Mataram kang rawuh | kêrigên wong bang wetan | pan sumêdya amapag maring

--- 11 : 44 ---

ing Dêmung | wong Makasar amalatar | tan sêdya mundur ing galih ||

90. Durma

1. wong Makasar wus akukuh bitingira | baluwarti ainggil | wus prayitnèng bala | watara kalih nambang | wong Makasar anginggahi | pan akêkitha | anèng Dêmung karakit ||

2. Raja Galèngsong sineba dening bala | miwah para prajurit | lawan kang santana | ingkang sami katrêsnan | ingkang ngêtutakên mêksih | sami prawira | tate amangun jurit ||

3. Raja Galèngsong ngandika mring santana | aran Dhaèng Makinci[22] | lah kapriye bapa | wartane wong Mataram | wartane iya mèh prapti | apan sumêdya | anggêcêk marang mami ||

4. ya ta Dhaèng Makinci sigra turira | èstu ujaring warti | tiyang ing Mataram | lawan măncanêgara | sumêdya gêcêk ing ngriki | kadya mèh prapta | amapag ing ajurit ||

5. Raja Galèngsong sigra dènnya ngandika | iya bapa abêcik | lamun wong Mataram | amapag maring ingwang | yèn muliha awak mami | marang Makasar | langkung dening aisin ||

6. angur ingsun matia ana ing Jawa | nora asae mulih | angur ngong lajua | aja tanggung ing lampah | sun bêdhahe ing Matawis | angur matia | mulih tan angsal kardi ||

7. lah sakèhe wong ingsun têka Makasar | padha sun ajak mati | ywa tanggung ing lampah | angur payo lajua | parandene sira mulih | tan angsal karya | angur matiyèng ngriki ||

8. yèn wong Mataram prapta angantêp yuda | lah papagên [papa...]

--- 11 : 45 ---

[...gên] tumuli | yèn kakehan lawan | iya padha mundura | sira amuka ing wêngi | dimone uga | kawur tangkêp ing jurit ||

9. sampun rêmbag sakèhe para santana | dyan kawarnaa malih | wadya ing Mataram | saha bala sumahap | sumêdya angantêp jurit | pinaju tiga | gêlarirèng ajurit ||

10. kang mêtu kilèn wadyabala Mataram | kang mêdal saking kori | sira Ănggajaya | lawan sakancanira | ingkang mêdal kanan singgih | Ki Darmayuda | sakancanya ngêbyuki ||

11. kadya gêrah surake wadya Mataram | sami prayitnèng wèsthi | biting ing Makasar | apan sampun anglela | inguluk-ulukan bêdhil | suraking bala | lwir udan awor angin ||

12. wong Makasar sampun miranti sadaya | anèng sajroning biting | karsa mêtonana | yudane wong Mataram | Raja Galèngsong nindhihi | pan sampun mênga | wau lawanging biting ||

13. sampun mêdal wau têtiyang Makasar | padha angagêm lêmbing | wênèh ngagêm watang | saha gêgamanira | tandangira angajrihi | pan sampun mêdal | saking sajroning biting ||

14. kadya gêrah surake wadya Mataram | miwah măncanagari | binendrong sanjata | wong Makasar tan obah | têtiyang măncanêgari | sarêng umara | kanan kalawan keri[23] ||

15. prit anêba pêrange bala Makasar | sampun têmpuh ing jurit | nanging wong Makasar | pan kêkathahên lawan | bingung tangkêping ajurit | pinaju tiga | pan karubuhan wukir ||

--- 11 : 46 ---

16. kadar pira kathahe tiyang Makasar | mêngsah măncanagari | pan karoban mêngsah | ya ta wadya Makasar | pêrangira pan kalindhih | mundur sadaya | nêdya aso kariyin ||

17. dènnya pêrang apan dèrèng angsal papan | milanipun kalindhih | pan palayunira | sami angungsi wana | ngalumpuk dados sawiji | wadya Mataram | surake wanti-wanti ||

18. dening mungsuhira sampun kapalajar | wong Makasar agusis | samya ngungsi wana | wau panyananira | wus kawus nora ngudhili | agăndra pira | mungsuhira akêdhik ||

19. bitingira akarsa wau binêdhah | pan arsa dèn jarahi | kang sami tinilar | darbene wong Makasar | nanging kasaput ing wêngi | Panji Karsula | ngandika angundhangi ||

20. alah mêngko ajana wong angrêrayah | dening kasaput wêngi | sira antèkêna | iya ing benjang-enjang | sira ambêdhaha biting | jêjarahana | dening kang duwe gusis ||

21. sampun mundur wadyabala ing Mataram | miwah măncanagari | samya masanggrahan | anèng ing ara-ara | dening kasaput ing wêngi | andhèr akapang | wadyabala Matawis ||

22. sawarnine sami eca manahira | nora duwe kuwatir | dening mungsuhira | sirna sami lumajar | milane eca kang galih | cucul busana | kuda wus dèn uculi ||

23. pinalawungakên sakèhing gêgaman | mawur têtiyang alit | sami pamondhokan | wênèh angguyang kuda | asuka-suka ing wêngi | nèng pondhokira [po...]

--- 11 : 47 ---

[...ndhokira] | tan ngangge dèn ropohi ||

24. kang sawênèh eca dènira anendra | dyan kawarnaa malih | têtiyang Makasar | ingkang angungsi wana | asêdya aso kariyin | nora apisah | sabature arakit ||

25. tiyang Makasar tahasi lumayua | apan sêdyaa bali | sarencang wus rêmbag | ing wau sêdyanira | arsa angamuk ing wêngi | sêdhênge uga | wong Mataram aguling ||

26. sampun sami apadandanan ing wana | watara têngah wêngi | Galèngsong ngandika | payo sêdhênge mara | amukên wong ing Matawis | ajana pisah | barênga ing ajurit ||

27. yèn anêmpuh alah payo babar pisan | aja sira anggopi | angamuk karampak | lah kawusêna pisan | pamondhokane ing mangkin | sira obonga | dimèn kuwur wong cili ||

28. lah tunjangên ingkang parêk tumbakana | sampun arêmbag pikir | anulya umangsah | lan sagêgamanira | sêdya angamuk ing wêngi | pan pinilihan | têtiyang kang abêcik ||

29. tan akathah wong Makasar kang umangsah | watara kawan biting | apan ta sadaya | sami pêpênêdira | Galèngsong kang anindhihi | pan sampun prapta | pondhoke wong Matawis ||

30. wong Mataram sami sakeca kang manah | tan adarbe kuwatir | ingkang wikan mojar | lah ika batur apa | swarane pating barêkik | lah oborona | sawènèh ana wuri ||

31. ika buron wana maring

--- 11 : 48 ---

pamondhokan | ya ta nora aganti | nrajang pasanggrahan | wong Makasar asurak | alah amuk wong Matawis | sata angrunjang | pondhok dipun obongi ||

32. apuyêngan wadyabala ing Mataram | dene ingamuk wêngi | pan tunjang-tinunjang | tambuh mungsuh lan rowang | apati gagap-gagapi | mawur puyêngan | akathah ingkang mati ||

33. tinumbakan dening têtiyang Makasar | nora angsal ngudhili | kang sami sudira | pan ora olih papan | katunjang lawan kapipit | milakèh pêjah | wadya măncanêgari ||

34. apuyêngan pondhokira ingobongan | katunjang dening api | tan kobêr amapan | kèh pêjah padha rowang | kêna gêgaman pribadi | wênèh lumajar | padha arêbut urip ||

35. wong Makasar pangamuke kadi yêksa | kadya banthèng akanin | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | singa katrajang awiwrin[24] | akathah pêjah | tiyang măncanêgari ||

36. palayune sami atilar gêgaman | darbèk nora katolih | lumayu wêwuda | ingkang mêntas anendra | anging ta arêbut urip | bingung puyêngan | bubar padha sawêngi ||

37. para bupatine pan sami lumajar | tan tolih anak rabi | tinilar ing bala | lir gabah ingintêran | tan wruh kawula lan gusti | wus byar rahina | larut bala Matawis ||

38. sirna gêmpang wau saking pamondhokan | sadarbene kang kari | wus têlas rinayah | dening [de...]

--- 11 : 49 ---

[...ning] bala Makasar | Panji Karsula agiris | pan ta gegeran | tinilar ing wadyalit ||

39. pan kalulun kalayu angungsi wana | sampun rahina nênggih | mêdal sang hyang surya | nora kêna tinata | wadya sampun sirna gusis | sowang-sowangan | kawula lawan gusti ||

40. Panji Karsula laju maring ing Japan | dening măncanêgari | tan kêna tinata | mila lajêng mring Japam | lan sawadyanya awingwrin | tiyang bang wetan | nora kêna apulih ||

41. wong Makasar ngungsêd sinêdya ing manah | tiyang măncanagari | pan ingêsuk pisan | marang nagarinira | tiyang bang wetan awingwrin | mêngsah Makasar | kawus manah anjaring ||

42. samya giris manahe tiyang bang wetan | Pajarakan ambalik | gêmbong Prabalingga | kalawan Pasuruan | apan ta sampun ambalik | ing Wirasaba | apan sampun ambalik ||

43. tiyang măncanagari miris sadaya | wêdanane ambalik | ya ta kawarnaa | sira Panji Karsula | anèng Japan sêdhih kingkin | dening miyarsa | wong bang wetan ambalik ||

44. Pajarakan Prabalingga Pasuruan | ing Gêmbong wus ambalik | miwah ing Lumajang | Sarêngat lan Balitar | ing Kartasana ambalik | tiyang bang wetan | apan giris awingwrin ||

45. Panji Karsula langkung èmêng ing manah | arsa banjêl ing jurit | apan datan ana | wau ingkang ngadua | măncanagara ambalik | tiyang Mataram | sampun mawut awingwrin ||

46. langkung merang yèn mantuka [ma...]

--- 11 : 50 ---

[...ntuka] mring Mataram | măngsa sêdyaa urip | dukaning narendra | ya ta Panji Karsula | anèng ing Japan nagari | datan akarsa | wau dèn usadani ||

47. tan kawarna Panji Karsula wus pêjah | anèng Japan anênggih | sampun ingastana | wontên mantri Mataram | lumaywa atur upaksi | dhatêng sang nata | Sri Bupati Matawis ||

48. yèn pun Panji Karsula lampahe tiwas | pêrangipun kalindhih | wong măncanagara | sampun balik sadaya | tiyang bang wetan awingwrin | mring wong Makasar | sadaya sami balik ||

49. pun Panji Karsula pêjah wontên ing Japan |[25] pêjahipun asakit | prabu ing Mataram | langkung dènnya bramantya | kumêjot padoning lathi | dening miyarsa | măncanagara balik ||

50. angandika sri narendra ing Mataram | sakèhe wong pasisir | lah padha muliha | adandana sadaya | iya wong Dêmung ing mangkin | lah lurugana | sakèhe wong pasisir ||

51. Si Prawirataruna sira miyanga | kang dadia têtindhih | iya pêrangira | wong pasisir sadaya | para mantri ing Matawis | ingkang milua | nglurug asmara kingkin ||

91. Asmaradana

1. Si Wirabumi ing mangkin | iya ta ingkang milua | ingkang dadia kanthine | si adhi Prawiratruna | lawan Si Pulangjiwa | milua marang ing Dêmung | kalawan Si Wirawăngsa ||

2. lan Si Panji Wirabumi | lawan Si Suramênggala | poma lah tumpêsên kabèh | wong Makasar ingkang

--- 11 : 51 ---

prapta | kalawan wong Madura | pariksanên mulanipun | tan seba maring Mataram ||

3. kang ingatag atur bêkti | ya ta ngandika sang nata | lawan Walănda sakèhe | kang tungguk anèng Japara | alah sira ajaka | anglurug marang ing Dêmung | yèn tan gêlêm sirnakêna ||

4. aywa ngrêrubêdi pikir | Prawiratruna tur sêmbah | saksana kondur sang katong | malêbêt ing dalêm pura | kang sowan aluwaran | tan kawarna solahipun | tiyang pasisir sadaya ||

5. asêmadosan kapanggih | iya nagari Japara | apan sampun mantuk kabèh | sami adandan baita | miwah ingkang gêgaman | mangkana ingkang winuwus | Radèn Prawirataruna ||

6. pan sampun amêpak baris | Radèn Prawirataruna | lwir grah kapitu swarane | gêgaman wus amêlatar | lwir ombaking samodra | awarna-warna dinulu | kadi ta prawata sêkar ||

7. sampun siyaga waradin | tiyang Prawiratarunan | apadene piyandêle | ing ayuda wis siyaga | miwah para santana | rahadyan ingkang winuwus | apan sampun asiyaga ||

8. lagya apamit ing rabi | kalawan kang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah uwis padha kariya | kalamun awak ingwang | yèn ta besuk nora mantuk | sun atitip putranira ||

9. momonga kang kari-kari | dèn abisa ingsun tilar | yèn ana galap gangsule | ingsun iki lawan sira | sapura sinapura [sina...]

--- 11 : 52 ---

[...pura] | ewuh aya wong anglurug | manawa tumêkèng pêjah ||

10. pan uwus karasèng ati | milane sira sun warah | iya sun wêkas mêngkono | ingsun yayi pinitayan | dening sri naranata | ngundurkên mungsuh ing Dêmung | yèn ora ambangkat karya ||

11. ingsun ora sae mulih | lah uwis padha kariya | dèn bisa sawuriningong | kang garwa sami karuna | ya ta datan kawarna | solahira among wuyung | rahadèn pan sampun bubar ||

12. lwir gêrah wadya ing jawi | radèn anitih turăngga | abra murub busanane | budhal ingiring ing wadya | miwah para santana | gêgaman abra dinulu | yèn tinon awarna-warna ||

13. waos binang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhak | waos sulam lan bung ampèl | kang adi[26] cucuking yuda | ingkang sanjata lanang | kadya kilat gêbyaripun | lwir gêrah swaraning bala ||

14. asrang pangriking turanggi | kalawan kriciking watang | anglir pendah sagara rob | lêlayu yèn tinon amyang | katub ing samirana | tan kawarna lampahipun | sampun prapta ing Japara ||

15. arêrêb sagunging baris | Radèn Prawirataruna | apan ta sampun amondhok | anèng salêbêting kitha | andhèr wadya Mataram | kalangkung dènnya sêsugun | Ki Ngabèi Wăngsadipa ||

16. pêpak sakèhing dipati | sumados anèng Japara | tiyang pasisir bang kilèn | pan sampun prapta sadaya | kapanggih ing Japara | ing

--- 11 : 53 ---

Kêndhal lan Kaliwungu | ing Batang lan Pakalongan ||

17. Barêbês lawan Tatêgil | Wiradesa lan Pamalang | Dêmak Sêmarang wus dene | ing Kudus Pathi Juwana | Rêmbang lan Pajangkungan | Lasêm wus pêpak supênuh | anèng nagari Japara ||

18. prasami arêmbag pikir | para dipati sadaya | baita sampun sumaos | wau anèng ing muara | angêbêki samodra | Ki Wăngsadipa sêsugun | mring niyaka ing Mataram ||

19. ya ta angandika aris | Radèn Prawirataruna | lah kadipundi rêmbage | inggih kakang Wăngsadipa | prakawis pun Walănda | sawarnine kang atungguk | nèng muara ing Japara ||

20. pangandikane narpati | apan ta kinèn bêktaa | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng ing Dêmung punika | sawêg dika tarosa | kalamun ta botên purun | pangandikane sang nata ||

21. kinèn nundhunga tumuli | inggih saking ing Japara | rinaos tambuh gawene | lawan angribêdi manah | manawi tan sawêkca | Kumpêni ing sêdyanipun | mila mangke winêkasan ||

22. pun Wăngsadipa turnyaris | mring Radèn Prawiratruna | inggih kawula tarose | mangke Kumpêni punika | kadipundi kang karsa | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||

23. amung têtiga anênggih | Kumpêni pangajêngira | Kapitan Wulkup wastane | lan Sareyandrop punika | kopralipun satunggal | kapat juru tulisipun | tan kawarna [ka...]

--- 11 : 54 ---

[...warna] sampun prapta ||

24. ing ngarsane pra dipati | pasisir lawan Mataram | prasami pêpakan kabèh | Ki Ngabèi Wăngsadipa | aris dènira mojar | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||

25. mungsuh Makasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | sira kinèn andhèrèka | iya maring rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Makasar ||

26. yèn sira tan ananggupi | ing parentah sri narendra | pangandikane sang katong | sira kinèn anundhunga | iya saking Japara | aja ngrêribêdi laku | kayapriye aturira ||

27. kapitan sigra nauri | alah inggih kalêrêsan | pangandikane sang katong | kawula wontên Japara | sêdya asaos karya | kalamun ta wontên mungsuh | kawula dipun abêna ||

28. pangandikane sang aji | kawula datan lênggana | ing karsa dhatêng andhèrèk | tan kawarna polahira | dènnya arêrêmbagan | apan sumêdya alaju | anêmbang yudakênaka ||

92. Pangkur

1. Radèn Prawirataruna | wus arêmbag arsa bubar tumuli | laju dhumatêng ing Dêmung | arsa mêdal lautan | wong pasisir amêpak baitanipun | kêbêk jêjêl ing muara | baitane wong pasisir ||

2. ingkang anèng palabuhan | kang baita agêng-agêng marnani | ya ta kawarnaa wau | sakyèh para dipatya | sampun sami anumpak baitanipun | sami ambabar bandera | lwir sêkar sataman asri ||

--- 11 : 55 ---

3. sami atêmbang têngara | pra dipati lwir udan sinêmèni | gong agêng pating carêngklung | gumêdêr kapiyarsa | asrang lawan ombak ing sagara nêmpuh | ing baita pan lumarab | ing toya awarni-warni ||

4. prasami ambabar layar | pra dipati dening awarni-warni | saking mandrawa malêdug | asri yèn tiningalan | tan antara dhatêng ingkang angin laut | baita sarêng alayar | ambênêrakên kamudhi ||

5. lir pêksi krêndha rêratwan | kang baita layar anèng jaladri | sarêng ngambara balêdug | sakyèh para dipatya | kang bandera minăngka têngêranipun | warna-warna kang bandera | lwir sêkar sataman asri ||

6. yèn pinirsa kadi gêrah | têtabuhan srang ombaking jaladri | asangêt angin kang rawuh | baita ting salêbar | saking jêmbaring samodra yèn dinulu | baita arêbat paran | asangêt katub ing angin ||

7. tan kawarna lampahira | pulo Măndhalika sampun kawuri | angsal angin lampahipun | samodra tan kawarna | katingalan Surabaya ujungipun | saking kêbating baita | ing muara wus angranji ||

8. para bupati sadaya | wus pêpêkan prapta ing Surabanggi | baitanira asukup | anèng ing palabuhan | pra bupati andhèr pamondhokanipun | Radèn Prawirataruna | kinêpung de wong pasisir ||

9. têtiyang ing Surapringga | sami suka manahira [manah...]

--- 11 : 56 ---

[...ira] tan sipi | ngrasa têtêp manahipun | langkung sêsugunira | marang Radèn Prawiratruna sumuyud | tiyang pasisir sadaya | sadandanan Surabanggi ||

10. Radèn Prawirataruna | tansah dadar ing bala langkung asih | ardana busana agung | miwah para santana | pan kinulawisudha sadayanipun | tiyang Prawiratarunan | suyude ing lair batin ||

11. pan tambuh winalêsêna | pan kawratan wau dananing gusti | kang wadya sadayanipun | ngajap têmpuhing yuda | pan ing kono benjang goningsun anaur | ing danane gustiningwang | sun saurane lan pati ||

12. pêpakan para niyaka | wong pasisir sami agunêm pikir | Prawirataruna muwus | marang para nayaka | kadipundi ing karsa padha ngong tantun | aprakawis ing Madura | lah kadipundi ing mangkin ||

13. datan sowan ing Mataram | mèh sawarsa malah punjula mangkin | manira iki ingutus | ana ing Surabaya | wong Madura sawiji tan ana muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa rumiyin ||

14. mangke nêdha ingutusan | karuhane yèn ala lan abêcik | para dipati arêmbug | kawula amiyarsa | Trunajaya kang bêbêg sawarninipun | mila tiyang ing Madura | tan sowan dhatêng Matawis ||

15. prayogi yèn ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan sêratipun | winèhkên Ki Trunajaya |

--- 11 : 57 ---

ing Sampang kang anunggoni ||

16. utusan sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surabanggi | kocapa ingkang winuwus | sira Ki Trunajaya | apan lagi punika saking ing Dêmung | pan sampun eca kang rêmbag | lan Raja Galèngsong mangkin ||

17. milanê Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêp ingkang nagari | manawi ta wong Matarum | angrusak ing Madura | lan maninge manawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa bokong saking wuri ||

18. kawarnaa kang utusan | sampun prapta Madura kintun wêling | samana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun wontên ing wau utusanipun | Radèn Prawirataruna | anuli dipun timbali ||

19. nanging kaki Trunajaya | masang wadi api-api asakit | utusan wus prapta sampun | angaturakên surat | tinanggapan ya ta binuka sratipun | sinuksma jroning wardaya | pèngêt bêbukaning tulis ||

20. kang sêrat sira Rahadyan | Prawirataruna nagri Matawis | saha salam donganipun | dhumatênga kang wayah | ing Madura Trunajaya wiyosipun | timbalane sri narendra | marang pakanira kaki ||

21. mulane wong ing Madura | boya seba iya marang Matawis | katur marang sang aprabu | kalamun pakanira | kang apênging asebaa mring Matarum | apa nyata mêngkonoa | iya ujaring pawarti ||

22. lan maninge wong Madura | kinèn ngêrig dening sri

--- 11 : 58 ---

narapati | anglurug marang ing Dêmung | anggêcak wong Makasar | sampun tamat kang sêrat wiraosipun | angling Radèn Trunajaya | maring utusan amanis ||

23. alah ta sira matura | marang eyang nora sêdya angipi | kalamun ta awak ingsun | ngukuhana Madura | apênginga aseba marang Matarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||

24. ing mangke wontên parentah | angêriga tiyang Madura iki | anglurug marang ing Dêmung | ingsun dhatêng sumăngga | sampun siyang gih sanadyana ing dalu | manira dhatêng sumăngga | kang abdi saos ing kardi ||

25. nanging ta awak manira | nora miyang inggih lajêng asakit | nanging kang abdi sadarum | manira kèn lumampah | rumiyina dene mêngko sapungkurmu | wong Madura lagi dandan | nusul maring Surabanggi ||

26. ya ta sampun sinambrama | kang utusan kalawan pinisalin | ya ta anuli tinundhung | duta amit anêmbah | sampun mikat datan kawarna ing ênu | wus prapta ing Surabaya | apanggih kalawan gusti ||

27. Radèn Prawirataruna | kang utusan matur sarwi ngabêkti | wus katur sasolahipun | ya ta sira rahadyan | pan angunadika[27] radèn sampun wêruh | lamun sinăngga ing krama | nanging ta dipun ecani ||

28. sok kondura wong Makasar | wong Madura gampang kapanggih wingking | rahadèn sampun arêmbug | arsa anuli bubar | ya ta nuli anumpak baitanipun | ing pasisir kadya

--- 11 : 59 ---

gêrah | swaraning kang wadya alit ||

29. baita awarna-warna | apadene baitaning Kumpêni | ing laut umyung gumuruh | sami nêmbang têngara | apan sarêng dènnya bubar layaripun | sami masang tunggulira | saksana katub ing angin ||

30. lwir paksi krêndha rêratyan | pan asarêng angambara ing langit | yèn tiningalan malêdug | sagara kaèbêgan | sarêng layar saking jêmbar sagaragung | baita pating salêbar | dening baita Kumpêni ||

31. winastan baita kapal | pan alayar anèng wuri atêbih | tan kawarnaa ing ênu | dènnya layar wus prapta | Panarukan aminggir baitanipun | tiyang pasisir sadaya | wus sami prayitnèng wèsthi ||

32. wus minggir ingkang baita | ênêngêna para mantri pasisir | wau kang anèng ing Dêmung | Galèngsong amiyarsa | lamun tiyang ing Matawis sampun rawuh | kalawan para dipatya | kêrigan tiyang pasisir ||

33. Raja Galèngsong ngandika | pan pinêpak sakathahing prajurit | miwah ta santananipun | apan sami arêmbag | wong Makasar sumêdya sarêng agêmpur | antigan sapatarangan | Raja Galèngsong mangkya ngling ||

34. lah kakang Dhaèng Marewa | adandana sakapraboning jurit | manira arsa amêthuk | jurite wong Mataram | dèn prayitna ajana mundur ing kewuh | pawartane wong Mataram | baitane wus aminggir ||

35. dening ta sêdya manira | ing ayuda sun panggihi pasisir | lawan mêpaka parahu | sasampan lan lalanang [lala...]

--- 11 : 60 ---

[...nang] | pilihana baita kang kukuh-kukuh | manawa prang ing sagara | saosa baita alit ||

36. lah dhayungana kewala | marmitane sun nganggo baitalit | akêbat ing watêkipun | lêmbing sira pêpaka | lah manawa amapag pêrang ing laut | lah sisiwonên kewala | ingsun dhewe angawaki ||

37. sakèhe wong têtêlukan | măncanagara ana buri têbih | manawa tan lămba kayun | wantu wong dudu băngsa | Dhaèng Mrewa ya ta wau awotsantun | kondur angundhangi bala | têngara tinêmbang muni ||

38. tiyang Makasar sadaya | wus siyaga sakapraboning jurit | angajrihi tandangipun | wantune wong Makasar | ngangah-angah yèn angarêpakên mungsuh | dèning ta kaya agea | atêmpuha ing ajurit ||

39. Raja Galèngsong siyaga | wus rinakit sakapraboning jurit | kang jimat sampun rinasuk | sêdya ngantêp ing yuda | wus siyaga Raja Galèngsong dyan mêtu | ingiring para santana | sakapraboning ajurit ||

40. anitih ingkang turăngga | busananya yèn tinon tuhu asri | pan kawarna polahipun | wong Makasar lir yêksa | Radèn Wăngsataruna sabalanipun | aminggirakên kang palwa | miwah wadya ing pasisir ||

41. akathah kang dèrèng prapta | wong pasisir angambang ing jaladri | miwah ta baitanipun | Kumpêni nèng samodra | nanging Rănggasidayu wau kang rawuh | lan Ngabèi Singawăngsa | para prajurit [pra...]

--- 11 : 61 ---

[...jurit] Matawis ||

42. wus sami prapta sadaya | sami mêntas anèng pinggir gêgisik | ya ta asiyaga sampun | sadandananing yuda | pan andhêndhêng wong Mataram barisipun | gêgaman awarna-warna | anèng pinggiring pasisir ||

43. Ki Ngabèi Pulangjiwa | lan malihe Ki Panji Wirabumi | Ki Wirawăngsa anggêrgut | lawan Suramênggala | iya iku para prajurit Matarum | polahe lir wardu angga | ngajap têmpuhing ajurit ||

44. datan adangu sêmana | wong Makasar amêtoni ing jurit | sarta sagêgamanipun | bêndhenira tinêmbang | angajrihi wong Makasar tandangipun | anglir pendah saradula | prasamya aonclang lêmbing ||

45. tiyang Mataram tumingal | lamun tiyang Makasar amêtoni | anêmbang têngaranipun | kumrab bala Mataram | wong pasisir akathah kang dèrèng rawuh | kasêlêk mungsuh kang prapta | tan ana sêdya ngunduri ||

93. Durma

1. ya ta mara prajurite wong Makasar | Galèngsong kang nindhihi | kadya saradula | galak amăngsa sarpa | kadya bajo angajawi | mara ing ngarsa | sarwi aonclang lêmbing ||

2. sigra mangsah kang wadyabala Mataram | sêdya ngantêp ing jurit | ya ta binêdhilan | anêmpuh wong Makasar | swaraning sanjata muni | lwir langit rêbah | mimis kadi garimis ||

3. nora kondur tiyang Makasar kang mara | prasamya bèr kawanin | sêdyaning ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram anadhahi [anadhah...]

--- 11 : 62 ---

[...i] | têmpuhing yuda | lwir ngobahêna bumi ||

4. wong Makasar tan kandhêg dening sanjata | angamuk karo lêmbing | wênèh lan curiga | ingkang kapurug bubar | akathah ingkang ngêmasi | tiyang Makasar | angamuk karo cundrik ||

5. rencangipun kang sami pêjah ing rana | pan ora dipun tolih | ingidêk kewala | lajêng pangamukira | kadya banthèng tawan kanin | pangamukira | wus datan etang mati ||

6. wong Mataram ingkang mundur tawan brana | kang katêmpuh angisis | akathah kang pêjah | nora măngga puliha | rusak sikêping Matawis | tangkêping yuda | lir gabah dèn intêri ||

7. kadya gêrah sêsambate wong Mataram | apan sami awingwrin | dèn pangamukira | wong Makasar lwir yêksa | datan kondur dening bêdhil | prajuritira | wong Mataram ngawaki ||

8. Suramênggala kalawan Surawăngsa | Ki Panji Wirabumi | lan Ki Pulangjiwa | sarêng mangsah ing yuda | santananira ngawaki | akathah pêjah | rame têmpuhing jurit ||

9. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sundawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | nanging ta wong Makasar | pangamuke tan anolih | tiyang Mataram | kang katrajang angisis ||

10. prajurite wong Mataram kathah pêjah | Ki Panji Wirabumi | wus anandhang brana | miwah Suramênggala | kondure atawan kanin | pan binabayang | rusak wong ing Matawis ||

11. Radèn Prawirataruna pan tumingal | rusak bala Matawis |

--- 11 : 63 ---

dyan mundhut turăngga | ngrasuk kaprajuritan | pan sumêdya angawaki | saabra muncar | busana ing turanggi ||

12. Radèn Prawiratruna angagêm watang | angling sajroning ati | ingsun wus atuwa | sêdhêng mati ing rana | nglampahi ayahan aji | yèn wong Makasar | tan kondur dening kami ||

13. iya panêdhaningsun maring Pangeran | aja mulih aurip | marang ing Mataram | muliha binandhosa | katura marang sang aji | pan wus dilalah | rusak nagri Matawis ||

14. ja mênangi ingsun rusaking Mataram | tan bisa anglakoni | baya amatia | ingsun têngahing rana | kudane dipun camêthi | sira rahadyan | sumêdya angawaki ||

15. warnanira radèn lir kinare anyar | warnanira awilis | kang para santana | angiring datan têbah | kawan dasa winatawis | apan punika | sumêdya barêng mati ||

16. lêlurahe awasta Ki Sewajaya | Sewatruna sawiji | lawan Sewabăngsa | lawan Ki Sewantaka | Trunawijaya sawiji | iku santana | kalawan Wirakarti ||

17. dyan umangsah Radèn Prawirataruna | ingkang bala angiring | dyan pangarsanira | sampun têmpuh ing yuda | arame ingkang ajurit | tiyang Makasar | angamuk ngobat-abit ||

18. wong Prawiratrunan tan ana mundura | pan katuwukan ing sih | sami pêjah ngajang | padha atatu jaja | tan ana angucap ajrih | ngajap palastra | ing wuri maksih wani ||

19. arsa mundur katingalan sih rahadyan [raha...]

--- 11 : 64 ---

[...dyan] | mila atêmah pati | cucuking ayuda | gêmpur sami palastra | Sewatruna sampun mati | atatu jaja | Mangunnagara kanin ||

20. Wirakarti palastra atatu jaja | rahadyan aningali | yèn wadyane rusak | radèn sigra umangsah | kudane dipun camêthi | para santana | prasamya angampingi ||

21. alah payo kabèh santana manira | padha sun ajak mati | ya ta Sewajaya | matur dhatêng rahadyan | sampun ta age ajurit | lamun kawula | gusti têksih aurip ||

22. lamun kawula gusti sampun palastra | karsa tuwan ing wingking | kawula tan wikan | angling sira rahadyan | iya sun tarima ngati | pracayanira | nanging sun milu mati ||

23. dyan umangsah Radèn Prawirataruna | kudane cinamêthi | ingkang kulawarga | apan datan atêbah | surak lir karêngèng langit | tiyang Makasar | sarêng mangsah ing jurit ||

24. sêsiwukên pangamuke wong Makasar | lir banthèng tawan kanin | têmpuhing ayuda | panggih sami sudira | tan ana angucap ajrih | têmpuhing yuda | rame asilih ukih[28] ||

25. pan arame dènnya aprang long linongan | wong Makasar angukih | tangkêping ayuda | soroh amuk kewala | wong Mataram akèh mati | balane radyan | kang wuri maksih wani ||

26. pan katingal pasihanira rahadyan | warêg dananing gusti | arsa mundur merang | mila têmah palastra | para santana kèh mati | tan amundura | kang wuri tan [ta...]

--- 11 : 65 ---

[...n] gumingsir ||

27. Radèn Prawiratruna têtêg ing yuda | panggah prawirèng jurit | kang santana têlas | mila ngamuk prayangga[29] | apan sampun ambêg pati | sira rahadyan | angamuk ngobat-abit ||

28. Sewajaya kalawan pun Sewabăngsa | pan sampun ambêg pati | angamuk manêngah | wong Makasar kwèh pêjah | Raja Galèngsong aruntik | ngatag santana | pan angamuk pribadi ||

29. Radèn Prawiratruna pangamukira | pan sampun nandhang kanin | kang para santana | tumpês sami pralaya | anèng têngahing ajurit | Ki Sewajaya | pan sampun nandhang kanin ||

30. Sewabăngsa undure atawan brana | lindhung tangkêping jurit | nanging ta rahadyan | pangamuke kotbuta | nanging ta wus nandhang kanin | nora ngapaa | nadyan ta nêdya urip ||

31. dyan ningali santananira pan têlas | saya mangungkih wani | têtiyang Makasar | akathah ingkang pêjah | karepotan ing ajurit | sira rahadyan | kang ngampingi wus ênting ||

32. Sewajaya mandhêg anungkêmi pada | matur sarwi anangis | wus anandhang brana | dhuh gustiku rahadyan | punika lamun sawawi[30] | arêbat papan | ngantosi wong pasisir ||

33. abdi santana sampeyan sampun têlas | kawula nandhang kanin | taha ta kawula | yèn wêdosa palastra | awêlas dhatêng ing gusti | sêdya kawula | gusti aso rumiyin ||

34. lah suwawi gusti anumpak baita | angungsi ing jaladri |

--- 11 : 66 ---

têtiyang Mataram | sampun kuwur sadaya | datan kêni pinapulih | sambi ngantosan | têtiyang ing pasisir ||

35. dyan tinurut ature Ki Sewajaya | kondur dhatêng pasisir | têtiyang Mataram | sami rêbat baita | sawênèh ingkang anglangi | pating karambang | tan antuk baitèki ||

36. wong Mataram anglir gabah ingintêran | wênèh baita alit | kêkathahên rewang | kèrêm pating karambang | kang rêbat palwa tanpolih | gêbyur kewala | anglangi ing jêladri[31] ||

37. tiyang pasisir kang anèng ing samodra | awas dènnya ningali | yèn tiyang Mataram | pêrangipun kasoran | ya ta têtiyang pasisir | baitanira | prasamya dèn dhayungi ||

38. Radèn Prawiratruna panggih ing rana | ngadêg pinggir gêgisik | angantèni bala | kang tan antuk baita | pating kudhangsang wong cili | saking jrihira | sumêdya rêbut urip ||

39. kasaratên palwane sira rahadyan | pan kêkathahên janmi | gonjing kang baita | ya ta kèrêm sêmana | sampun karsaning Hyang Widi | lamun rahadyan | pan tinagih ing pati ||

40. pating kurambang sami gêbyur kewala | ingkang kasilêm mati | polahipun janma | apan pating kudhangsang | baita Makasar prapti | adhêdhayungan | baitanipun alit ||

41. gêgamane saligi lawan brangkolang | baita ing Matawis | sami cinêgatan | têtiyang ing Mataram | sadaya manahe giris | mêngsah baita | alit tan angobêri [ango...]

--- 11 : 67 ---

[...bêri] ||

42. wong Mataram kathah pêjah dening toya | sawênèh sinuligi | baita kèh rêmak | wau sira Rahadyan | Prawirataruna maksih | ngadêg muara | wadyanira angisis ||

43. Radèn Prawiratruna sampun angrasa | yèn tinagih ing pati | apan ta sumăngga | ing karsaning Pangeran | amicara ing jro ati | alah kantuna | gustiku ing Matawis ||

44. kawula sri narendra pamit palastra | mangsuli sihing gusti | kawula wus tuwa | lêhêng ingsun pêjaha | anèng têngahing ajurit | karsaning Suksma | rusak nagri Matawis ||

45. Sewajaya anangis nungkêmi pada | branane angranuhi | dhuh gusti kawula | ing donya ing akerat | kawula dadosa abdi | pan kapanggiha | kawula lawan gusti ||

46. angandika Radèn Prawirataruna | ingsun tarima ugi | iya padha-padha | galap gampil manira | sira sapuraa ugi | singa palastra | aja malang tumolih ||

47. Sewajaya sampun nêmahi palastra | anèng ngarsaning gusti | angling sira radyan | ingsun belani sira | awirang ingsun yèn urip | angur matia | santananingsun ênting ||

48. tiyang Makasar akathah ingkang prapta | rahadyan dèn kêmbuli | wus atawan brana | radèn tiba alênggah | wus nyana tumêkèng pati | ingkang karasa | para putra ing wuri ||

49. atanapi wau ingkang para garwa | dèn bêcik sira kaki | sun nêmahi pêjah | anèng têngahing rana | rahadyan kabyatan kanin | sampun [sampu...]

--- 11 : 68 ---

[...n] palastra | radyan sira gumuling ||

50. arsa tinigas mastakane rahadyan | Kumpêni anulungi | mêntas saking palwa | tiyang Ambon dyan mara | tiyang Trênate ngrewangi | sarta sanjata | gêgamaning Kumpêni ||

51. ya ta mundur wau têtiyang Makasar | tan kawawa nadhahi | mimis kadi udan | ya ta tiyang Makasar | lumayu angungsi biting | atangkêb lawang | wong Makasar awingwrin ||

52. wus karêbut layone sira rahadyan | dyan binêkta tumuli | minggah ing baita | pan sampun binandhosa | ingantukakên rumiyin | sigra alayar | sadaya pan prihatin ||

53. sakarine wau kang para santana | ngiringakên rumiyin | ya ta kawarnaa | wadyabala Mataram | kalawan wong ing pasisir | labuh sadaya | wapê anèng jaladri ||

54. datan ana mêntas maring ing dharatan | apan sira alami | anèng ing samodra | ya ta apagunêman | Suramênggala lan malih | Ki Surawăngsa | Rănggasidayu singgih ||

55. lan malihe Ki Ngabèi Singawăngsa | Suramênggala angling | kadipundi kakang | puniki rêmbag dika | anèng têngahing jaladri | tanpa wêkasan | prandene tan aminggir ||

56. tan kawawi manira katrajang ombak | kadi binanting-banting | lan malihe kathah | ingkang dadi sumêlang | inggih Kumpêni puniki | raosing manah | tan tuhu angrencangi ||

57. lan malihe wong Sampang dadi sumêlang | tan wurung anampêki | yèn suwawi karsa | dawêg minggir punika | ing Paiton lah

--- 11 : 69 ---

ingungsi | dèkèk baita | sami mondhok ing kali ||

58. sami rêmbag wau kang para niyaka | Ki Singawăngsa angling | anging ta manira | inggih tan tumut ika | aminggir mondhok ing kali | lêhêng manira | labuha ing jaladri ||

59. tiyang pasisir ingkang sami arêmbag | ya ta layar tumuli | kang para baita | ing Paiton sinêdya | tan kawarna sampun prapti | sakèh baita | apan sami angranji ||

60. lèpèn Paiton dènnya atatan-tatan | têtiyang ing pasisir | lan tiyang Mataram | baitane anglêmpak | padha lêlabuh ing kali | sami prayitna | têtiyang ing Matawis ||

61. pan sadaya sami mêntas ing dharatan | baris pinggiring kali | anging Singawăngsa | maksih anèng samodra | tan tumut labuh ing kali | anèng ing kana | lami lwir dhandhanggêndhis ||

94. Dhandhanggula

1. baya ta sampun karsaning Widi | wadya Matawis kirang wêweka | baita labuh kaline | ya ta surut kang banyu | kang baita pan kandhas sami | lèpèn Paiton asat | sakèh palwa wau | tan kêna milir sêmana | kawarnaa têtiyang Makasar prapti | apan ora akathah ||

2. wong Mataram apan tan udani | kagyat sapraptane wong Makasar | wong Mataram dahat gègèr | baita pan tinunu | mila sangêt gegeran sami | kali Paiton asat | karsaning Hyang Agung | wong Mataram apuyêngan | gêgaman anèng palwa têlas kabêsmi | sangune pan [pa...]

--- 11 : 70 ---

[...n] karêbat ||

3. mila sadaya tan angudhili | wong pasisir angisis sêmana | baitane lêbur kabèh | pan tambuh polahipun | arsa dipun rêbat ing jurit | gêgamane wus têlas | kabakar sadarum | sami lumayu lorodan | wong Mataram sêmana apan angisis | Ngabèi Surawăngsa ||

4. miwah Suramênggala tan kari | apan kalulun wadyalitira | Suramênggala yudane | gêgilani dinulu | wong Makasar polahirèki | dènira angrêrayah | palwane tinunu | ya ta wau kawarnaa | wong Mataram sadaya lumayu sami | dènnya ngungsi atêbah ||

5. langkung dènira sami prihatin | wadyalit sami jêtung kewala | dening sangu têlas kabèh | myang raja busanèku | nèng jro palwa têlas kabêsmi | tiyang alit lorodan | ing tan bêtahipun | dènira norana mangan | mila kathah minggat tinub ing gêgêring | saya sêdhih manahnya ||

6. dening têlas sangunipun sami | sadaya sami apagunêman | pra wadya Mataram kabèh | Ki Surawăngsa wau | lan Ki Suramênggala nênggih | lingnya kadipunapa | pikir pênêdipun | rèh tiyang cili lorodan | sintên kêlar nora bukti sangu ênting | kabakar nèng baita ||

7. èmênge ing tyas manira iki | arsa banjêl amangsêh ayuda | punapi ingabênake | mila pêtêng tyas ingsun | yèn sawawi ngunduran dhingin | dhatêng ing Surapringga | apa dening besuk | inggih sami [sa...]

--- 11 : 71 ---

[...mi] arêmbagan | mring Jêpara ya ta wus arêmbag sami | pra bupati sadaya ||

8. ri sampuning sadaya ngrêmbagi | wong pasisir myang wadya Mataram | saksana bubar sirage | ênêngêna karuhun | kawarnaa kang nèng Matawis | kalintang rêntênging tyas | ing sapraptanipun | layone sira Rahadyan | Prawirataruna kapupu ing jurit | mantuke binandhosa ||

9. ya ta sakathahing para rabi | alara-lara panangisira | myang putra kang kantun kabèh | kapang-kapang lumayu | langkung dening kawêlasasih | para garwa sadaya | pan sami amêthuk | bandhosanira kang raka | kadi guntur swaraning kang punang tangis | wong Kaprawiratrunan ||

10. ingkang samya duwe laki mati | aniba-niba panangisira | apan para santanane | tan ana ingkang mantuk | tumpês pêjah ing rana sami | mila tangis lir gêrah | myang sêsambatipun | sarira angur matia | kang taruna sêsambat katuwon mami | dadi răndha nonoman ||

11. durung tuwuk ingsun among rêsmi | angsal ingsun panggih lagi pira | ing mêngko iya lamine | nuli tinilar ingsun | mêngko apuara ngêmasi | kaniaya kang tinggal | sapa baya besuk | ingkang sun sambat-sambata | pan saya karasa sajroning aguling | dhuh kiyai wangsula ||

12. datan bêtah ingsun iki kari | wênèh sambat ing wanodya larad | nangis karya lamis bae | kewala lagi ngrungu | yèn lakine ngêmasi pati | midêr ngulati ika | ing priya

--- 11 : 72 ---

lènipun | sokur Si Karti matia | bosên ingsun kurang lèh kaya Si Karti | angur ingsun bedhanga ||

13. kawarnaa prabu ing Matawis | enjing miyos wau sinewaka | asêmu duka wiyose | katawis sêngêripun | wadya andhèr ing păncaniti | pangran dipati seba | lawan arinipun | ya Pangeran Singasêkar | myang Pangeran Martasana datan kari | Pangeran Pugêr seba ||

14. miwah para santana anangkil | anambung ing linggih para putra | santana pinisêpuhe | Pangran Purubayèku | apan jajarira alinggih | Pangeran Pringgalaya | miwah pra tumênggung | ya tumênggung ing Mataram | lawan Radèn Wiratmêja samya nangkil | Wiramênggala seba ||

15. myang Tumênggung Amangunnêgari | lawan Angabèhi Wirapatya | suyud kang sowan sakèhe | mila sangêt sumuyud | dening nata amawi runtik | garap dènnya ngandika | Narendra Matarum | mring pangeran adipatya | iya sira ing mêngko ki adipati | tumindaka priyăngga ||

16. lan arinira Ki Singasari | sira mapaga mungsuh Makasar | dene ing mêngko lakune | sakèhe kang sun tuduh | datan ana ingkang ngudhili | tiwase wong Mataram | anglurug mring Dêmung | alah uwa Purubaya | alah inggih dika tuwani ing mangkin | tumuta wayah dika ||

17. adhi mas Balitar dika kanthi | Si Arya Pamot ingkang milua | lan Si Rajamênggalane | lan Si Wirapatiku | iya padha milua mangkin | lawan [lawa...]

--- 11 : 73 ---

[...n] Si Wirajaya | milua mring Dêmung | lan sakèhe wong Mataram | pra têlunên saduman tinggalên kaki | gawanên kang rong duman ||

18. alah pema[32] ing wawêkas mami | ki dipati iya maring sira | ing Madura iku age | lah ampirana iku | iya sira gêmpura benjing | iya Si Trunajaya | wisna umuripun | iku kang gawe piala | mulane wong Sampang pambalike mangkin | têka Si Trunajaya ||

19. nak ingsun Cakraningrat sirèki | sira milua mring ki dipatya | bok maksih ana elinge | wong Sampang mring sirèku | ya ta sampunira winêling | pangran dipati sigra | nêmbah ing sang prabu | kang putra wus ingidenan | Dyan Pangeran Singasari atur bêkti | manêmbah ing sang nata ||

20. jêngkar sang prabu malêbèng puri | kang asowan luwaran sadaya | wadya ing Matawis kabèh | samya adandan wau | tan kawarna solahirèki | enjing nêmbang têngara | bêndhe munya ngungkung | pangran dipati sêmana | kadya gêrah swarane bala Matawis | pra mantri pinartiga ||

21. apan saduman wau kang kari | kang gêgaman sampun amalatar | kadi prawata sarine | surêm giwangkra mêndhung | kasênênan gêgaman asri | dening awarna-warna | lwir prawata santun | sinawang saking mandrawa | miwah wong kadipatèn anata baris | lan sakèhe wahana ||

22. pan sampun sami dèn busanani | sinawang kadi hyang-hyang ing surat | punang gêgaman asrine | abra lamun dinulu [di...]

--- 11 : 74 ---

[...nulu] | para mantri naos ing gusti | busana warna-warna | mantri ing Matarum | ya ta pangeran dipatya | apan lagi angrasuk busana adi | dhasar bagus utama ||

23. karêngga dening busana adi | sarya angrakit kaprajuritan | saya nêlahi citrane | lwir hyang asmara nurun | saking endra buwana nênggih | tuhu dewaning kênya | cahyane sumunu | lwir wulan asasadara | para garwa tanapi sêlir kêkasih | kang binêkta wus dandan ||

24. anglwir sêkar sataman tulyasri | busananing kêkasih sadaya | pan sami angayap kabèh | dhumatêng sang abagus | wontên dening garwanirèki | ingkang sami tinilar | mlasasih turipun | pan arsa sami tumuta | nanging pangran asangêt tan anglilani | dènnyarsa tumut yuda ||

25. dahat pangran datan anglilani | saha ngandika wong ayu aja | milu wong jurit watêke | mênèk sira katawur | adhuh eman adining sari | ingsun dhewe kusuma | nglakonana iku | prandene măngsa lamia | apan ingsun wong ayu anuli prapti | sumêlang maring sira ||

26. têka sira amuktia yayi | anèng dalêm amung yayi ingwang | iya sangonana bae | sêkar lorodan gêlung | lawan gantènira kang wangi | sun karya namur brăngta | usada nglarangkung | lah uwis padha kariya | poma-poma mas yayi sapungkur mami | aywana nahên brăngta ||

27. para garwanira asmu tangis | dyan ingaras dhumatêng pangeran | ingimur-imur garwane | wus lêjar manahipun |

--- 11 : 75 ---

jêng pangeran ngandika aris | kinèn ngundhangi bala | sigra bubar wau | kangjêng pangeran dipatya | sêlir kang binêkta tinandhu jinoli | jajarane malatar ||

28. kang parêk sami dipun buntari | dyan pangeran dipati saksana | anitih turăngga age | busana abra murub | pinayungan karêtas kuning | ginarêbêg ing bala | wau bubaripun | Tumênggung Rajamênggala | wau ingkang dadi cucuking ajurit | kang lumampah ing ngarsa ||

29. saha balanya ingkang angiring | punika gaman awarna-warna | saha têngran dhewe-dhewe | kang têngran tunggul wulung | pan aciri wanara putih | lungsir ijo plisirnya | lwir kilat dinulu | gêbyaring sanjata lanang | nuli Arya Pamotan Ki Wirapati | saha bala malatar ||

30. wong panumping kalawan wong bumi | ingkang dadi cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lampahe | numbakanyar wong sèwu | myang wong gêdhe dados pamburi | lampahira sinawang | lwir rob sagaragung | nuli Pangeran Balitar | anambungi rêspati nitih turanggi | asri asongsong pêthak ||

31. payung agung ika amaripit | ingkang bala angiring lampahnya | panurung waos sulame | satêtabuhan umyung | nuli wong kang anumbak putih | pan tunggulipun pêthak | cirine kang tunggul | ingaran liman amêta | nuli Pangran Prubaya mêgêp[33] anitih | turăngga busanabra ||

32. saha pinayungan kartas wilis | ingkang wadya angapit lampahnya | sami prayitnèng lampahe [lampah...]

--- 11 : 76 ---

[...e] | dening kang munggwèng pungkur | pan wong satus anumbak putih | ingkang munggwèng ing ngarsa | cêmêng waosipun | sami waos cêcebolan | waos binang wêgig liring banyu asri | wênèh wêgig lar mêrak ||

33. kang saêsap sinêlanan jinggring | kang munggèng ngarsa sanjata lanang | gumêbyar ika sorote | sangkêlat klambinipun | kang ambêkta sami winarni | tunggul pangiridira | kang munggwing ing ngayun | nuli pangeran ing Sampang | anambungi rêspati nitih turanggi | kartas wilis songsongnya ||

34. balanira langkung dening kêdhik | mung patêdhane sri naranata | wong kawan dasa kathahe | kang bakta[34] waosipun | pan marapit dènnya lumaris | wong Madura satunggal | datan ana rawuh | apan ta sampun alama | bubaripun tiyang Madura kang alit | tilar Pangran Madura ||

35. Pangran Madura wisma Matawis | katilare dening wong Madura | mangkana wau lampahe | pangran dipati iku | anambungi lumakwèng wingking | rêspati nitih jolang | pra prajurit anub | amarapit lampahira | busanane awarna-warna tulyasri | wong mamas pitung desa ||

36. ingkang ambêkta kulambi kuning | nuli sinambungan waos sulam | apan abrit kulambine | audhêng kuning iku | waos biru kang anambungi | sami kulambi seta | jinggring kang sinambung | sami kulambi sangkêlat | kang ambêkta kasambungan waos putih | wong satus kathahira ||

37. waos cêmêng cêcebolan sami | kang ambêkta [ambê...]

--- 11 : 77 ---

[...kta] sami wong prawira | rêspati saha têngrane | pareanom malêdug | pan akathah lamun winarni | pangeran adipatya | gêgamane wau | anadene kang nèng wuntat | kang lumaku ya Pangeran Singasari | saha gêgamanira ||

38. saha balanya apan marapit | rêspati nitih turangganira | marapit payung agunge | kudanya kinakarung | sinongsongan karêtas kuning | Tumênggung Wirajaya | wau lampahipun | dados pawingkinging lampah | sabalane ing wau ingkang umiring | sami prayitnèng baya ||

39. kang tinilar sami agêng brangti | wênèh angaturakên ing marga | rangu-rangu sapolahe | kang duwe laki nglurug | anglir pendah tinilar mati | manahipun sumêlang | wênèh ana muwus | aniba ing pagulingan | kang sawênèh angatêrakên ing margi | tansah asêmu waspa ||

40. ingkang sawênèh anyênyangèni | mugi salamêta ingkang lunga | sun cêcadhang satêkane | kang sawênèh amuwus | yèn salamêt kiyai benjing | sun kon wayuh sakawan | iku kaul ingsun | ingkang sawênèh angucap | aku ora kiyai ingsun dhèwèki | jêr tinilar alawas ||

41. ingkang sawênèh pawèstri angling | muga tulusa ika kang lunga | panêdhaku aja mulèh | aku nutugkên kayun | ana ngomah amêmalangi | ênggon ingsun ambedhang | sanadyan ing besuk | yèn têka aku awawrat | sun runtuhne măngsa kataraa benjing | duwèke maksih wêtah ||

--- 11 : 78 ---

70. Trunajaya santun nama Panêmbahan Madurêtna ing Surabaya, ambalela mêngsah Mataram dipun biyantu prajurit Makasar.

42. ênêngêna wau kang lumaris | kawarnaa Radèn Trunajaya | ing Sampang karèrèhane | trahing Madura tuhu | kaponakanira Dipati | Sampang Anyakraningrat | balila ing ratu | anake Dêmang Malaya | pan kamantu Pangeran Kajoran balik | kang ngadêg Surabaya ||

43. apan sampun asilih kêkasih | nênggih Panêmbahan Madurêtna | Panatagama namine | wong Surabaya suyud | datan ana wani malangi | têtiyang Surabaya | sangêt risakipun | kancikan wong ing Madura | watêkipun wong Sampang pan ambêg wani | nora aitung tata ||

44. Trunajaya pan anunggal kapti | lan Galèngsong têtiyang Makasar | ing Dêmung pamondhokane | asangêt sarêng gêmpur | ing ayuda sampun aganti | êndhog sapatarangan | ika jangjinipun | kalawan Ki Madurêtna | malah arsa ingambil mantu pribadi | sira Raja Makasar ||

45. ingkang arsa jinunjung nrêpati | Madurêtna kang ingangkas-angkas | pan sampun nunggil manahe | Trunajaya winuwus | kang angadêg ing Surabanggi | jumênêng Madurêtna | pan sampun misuwur | tiyang pasisir bang wetan | samya wingwrin tan ana wani nabili | mring Radèn Madurêtna ||

46. pamrihipun têtiyang pasisir | samya sebaa mring Surabaya | Madurêtna nrêpatine | wong Madura anggrêgut | ing Garêsik wus dèn anciki | suyud tan wani malang [ma...]

--- 11 : 79 ---

[...lang] | tanapi Sidayu | apan ta sampun kabahak | wus kancikan tiyang Sidayu awingwrin | seba mring Surabaya ||

47. atanapi nagari ing Tubin | wus kancikan dening wong Madura | lan wong Makasar rowange | ing Tuban wus anungkul | nulya Ngrêmbang kang dèn anciki | ing Lasêm alorodan | sadaya sumuyud | ingkang băngga pinatenan | wong pasisir sadaya sami awingwrin | ingkang nutut katawan ||

48. samya binêkta mring Surabanggi | wong Makasar lawan wong Madura | kadya hèrnawa polahe | wong pasisir sumuyud | samya sowan mring Surabanggi | sira Raja Makasar | apan ta wus kêmbul | lawan Radèn Madurêtna | kawarnaa sira pangeran dipati | anom ingkang lumampah ||[35]

--- 11 : [0] ---

Isinipun

66. Bakisar èstri malih dados jalêr, lajêng konjuk dhatêng sang nata. (Asmaradana, Sinom). ... kaca 3

67. Sahoyi, tiyang èstri ingkang andadosakên gêndra. (Dhandhanggula, Mijil, Kinanthi, Dhandhanggula). ... kaca 11

68. Trunajaya mantuk dhatêng Sampang tata-tata badhe ambêdhah Mataram. (Dhandhanggula). ... kaca 28

69. Nagari Pajarakan dipun jarah-rayah prajurit saking Makasar. (Dhandhanggula, Pangkur, Durma, Asmaradana, Pangkur, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 37

70. Trunajaya santun nama Panêmbahan Madurêtna ing Surabaya, ambalela mêngsah Mataram dipun biyantu prajurit Makasar. (Dhandhanggula, Pangkur, Durma). ... kaca 78

 


Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 11 (Serie no. 1289j). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1940, 79 hlm. Judul jilid: Mulabukanipun wontên gègèr Trunajaya. Kraton Mataram badhe risak. (kembali)
inggih. (kembali)
emut ing. (kembali)
sumawana. (kembali)
cilik. (kembali)
prayoga. (kembali)
Singasari. (kembali)
apu. (kembali)
Jatuhnya swara u. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: maring Carêbon anênontoni. (kembali)
11 ginadhuhakên. (kembali)
12 pakênira (dan di têmpat lain). (kembali)
13 ginadhuhkên. (kembali)
14 singsim. (kembali)
15 pama. (kembali)
16 ingwang. (kembali)
17 angranuhi. (kembali)
18 Makincing. (kembali)
19 cilik (dan di tempat lain). (kembali)
20 kering. (kembali)
21 kering. (kembali)
22 Makincing (dan di têmpat lain). (kembali)
23 kering. (kembali)
24 awingwrin. (kembali)
25 Lebih satu suku kata: pun Panji Karsula pêjah wontên Japan. (kembali)
26 dadi. (kembali)
27 angunandika. (kembali)
28 ungkih (dan di têmpat lain). (kembali)
29 priyăngga. (kembali)
30 suwawi. (kembali)
31 jaladri. (kembali)
32 poma. (kembali)
33 mênggêp. (kembali)
34 bêkta. (kembali)
35 § Lajêng nyandhak jilid: 12. (kembali)