Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  17. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  18. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  19. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  20. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  21. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  22. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  23. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  24. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  25. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  26. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  27. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  28. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  29. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  30. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  31. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 26

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 26 : [1] ---

Serie No. 1289x

Babad Tanah Jawi

Jilid: 26

Kartasura bêdhah dening prajurit Cina

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 26 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 26 : [3] ---

159. Wadyabala Kartasura campuh kalihan wadyabala Cina wontên ing Dêmak.

39. kunêng ingkang gantya wau kawuwusa | Arya Pringgalayèki | praptèng Garobogan | lawan sagung punggawa | pan sampun apacak baris | pangarsanira | nèng Têrmala abaris ||

40. Ki Tumênggung Mangunnagara kalawan | Kyai Wiragunèki | Singaranu lawan | Radèn Mlayakusuma | punika kang anindhihi | Dyan Pringgalaya | ing Bicak dènnya baris ||

41. kang wadyalit Garobogan apuyêngan | wanèh atur upaksi | marang gustinira | kang anèng bumi Dêmak | Rahadèn Martapurèki | dupi miyarsa | duka yayah sinipi ||

42. animbali maring Radèn Suranata | lan Padmanagaraglis | lan Ping Bulung samya | wus praptèng ngarsanira | Rahadèn Martapurangling | padha kariya | ingsun miyarsa warti ||

43. yèn ing Garobogan wus kancikan mêngsah | wadyèng Kartasurèki | têtindhihing lampah | Rahadèn Pringgalaya | lan Malayakusumèki | pônca punggawa | kang samya dèn tindhihi ||

44. kawalana bae kang baris Layapan | iku sun cacak dhingin | Arya Pringgalaya | sigra dènnya siyaga | Rahadèn Martapurèki | budhal angetan | wangsul mring Gubug malih ||

45. praptèng Gubug lajêng dènnya

--- 26 : 4 ---

pirêmbagan | lawan Dipati Pathi | lan Singsèh Sapanjang | sru angling Martapura | dèn samya prayitnèng wèsthi | têngga sang nata | kawula arsa gitik ||

46. mungsuh Kartasura kang ngancik ing Bicak | arsa kula ayoni | Arya Pringgalaya | senapatining yuda | kathah punggawa umiring | yèn winatara | salêksa gunging baris ||

47. kula botên ambêkta kanthi punggawa | sun cacake pribadi | lan prajurit Cina | inggih satus kewala | Dipati Pathi lingnyaris | aywa pêpeka | kula milwa ngawaki ||

48. mêngsah dika kathah bok kaparèng tiwas | Radèn Martapurangling | sanadyan wêndrana | lamun ratune ala | wong cili darma nglakoni | yèn ratu cidra | nir yuwananing jurit ||

49. sun saosi wong tigang atus kewala | wong Kartasura benjing | pasthi yèn katawan | sun langèkna jêblogan | ngadhuh-adhuh dènirangling | Dyan Martapura | sarwi angêntrog wêntis ||

50. budhal saking Gubug Radèn Martapura | lawan pun Mudha Êtik | lawan Mudha Macan | satus kang wadya Cina | ginêlak lampahing baris | wus praptèng Wotan | kèndêl anata baris ||

51. Radèn Martapura arsa nonjok sêrat | mring Dyan Pringgalayèki | kang surat wus dadya | sinungkên kajinêman | pun Lêksajaya namèki | lan Sèwujaya | mangkat saha wotsari ||

52. sigra-sigra lampahira kajinêman | datan kawarnèng margi | praptèng barisira | Rahadèn Pringgalaya | tumanduk kang

--- 26 : 5 ---

duta kalih | praptèng ngayunan | Radèn Pringgalayèki ||

53. duk sineba dening sagung mantrinira | kagyat wadyatur uning | yèn wontên caraka | saking pun Martapura | kêkalih ambêkta tulis | tunggul panantang | sigra kinèn nimbali ||

54. praptèng ngarsa wus pinundhut suratira | sigra tinupiksaglis | têmbunging kang surat | katura ingkang salam | ing radèn arya marmaning | lampah andika | dene kongsi nglampahi ||

55. lèring gunung Kêndhêng punapa tan myarsa | botên akulak warti | yèn ing lampah kula | miwah sasolah kula | wontên ingkang angêbuki | apêksa lancang | andika sun arani ||

56. tan akilak pamyarsa wade parungwan | yèn loring Kêndhêng mangkin | wontên banthèng mugal | warèng duk tumambirang | ataracak purasani | arsa anyundhang | kalawan gajah putih ||

57. lan malihe dika Radèn Pringgalaya | sampun amarêpêki | ênggèn kula wayang | manawa kaplêsatan | ing cêmpala dèn atêbih | yèn amêmanjak | aywa angrêregoni ||

58. duk miyarsa runtik Arya Pringgalaya | sêrat sinêbit-sêbit | sinungakên duta | pan sampun ingangsulan | kang caraka nêmbah amit | tan winursita | ing marga sampun prapti ||

59. duta kalih pakuwone gustinira | katur suratirèki | saking Radèn Arya | tinampan tinupiksa | hèh Martapura sirèki | akirim layang | pan wus sun tupiksani ||

60. sun kawruhi [ka...]

--- 26 : 6 ---

[...wruhi] saunine layangira | yèn loring Kêndhêng mangkin | isi cêmpe lawan | gudèl lagi kêmraca | sanadyan isia ugi | buta salêksa | lawan kang banaspati ||

61. apan iya nora kandhêg lakuningwang | apan tanah pasisir | tandhês ing lautan | pan iya kang kagungan | gustiningsun sri bupati | langkung bramatya | Radèn Martapurèki ||

62. ulatnyandik pinuntir jêjenggotira | bêkuh sarwi mucicil | angundhangi bala | sagung wong Garobogan | wong desa samya kinêrig | pan ingagêman | landheyan pring sumawi ||

63. sinisikan katingala waos pêthak | pinrênah kanan kering | asru angandika | Rahadèn Martapura | aywana kang milu jurit | padha suraka | saking ing kanan kering ||

64. atêngara budhal sagunging gêgaman | kang munggèng kanan keri | sarwi surak-surak | ingkang pinangku ngarsa | amung wadya kawan biting | lan wadya Cina | satus kang munggèng ngarsi ||

65. nitih kuda sira Radèn Martapura | ngapit wong magêrsari | arja songsong seta | ginarbêg ing santana | kodhokngorèk munggèng wuri | umung tinêmbang | ginêlak ponang baris ||

66. praptèng Bicak wau ingkang kawarnaa | wadyèng Kartasurèki | gugup amiyarsa | kalamun mêngsah prapta | sigra dènnya tata baris | Tumênggung Singa- | ranu Wiragunèki ||

67. Radèn Mlayakusuma Mangunnagara | samya atata baris | sigra

--- 26 : 7 ---

dènnya mangsah | wadya ing Garobogan | Martapura anindhihi | lan wadya Cina | sarêng nêmpuh mangungkih ||

68. tinadhahan dening wadya Kartasura | rame bêdhil-binêdhil | wadyèng Garobogan | lawan kang wadya Cina | gumulung mamuk mangungkih | wong Kartasura | panggah wus kèh ngêmasi ||

69. Radèn Singaranu umiyat ing wadya | kalamun kèh ngêmasi | gya nitih turôngga | nandêr marang ing ngarsa | mangsah kang katrajang ngisis | wong Garobogan | lumaywa nganan ngeri ||

70. tinanggulang marang ing prajurit Cina | kinarutug ing bêdhil | nanging maksih nêngah | binêdhil kalantaka | Radèn Singaranu kêni | wus katiwasan | tiba saking turanggi ||

71. gya rinêbat marang anak putunira | sampun dèn wot turanggi | Ki Tumênggung Wira- | guna têtulung yuda | sabala mangsah pêpulih | prajurit Cina | panggah dènnya nadhahi ||

72. Radèn Martapura asuwarèng bala | kinèn umangsah malih | saking kering kanan | sigra dènnya umangsah | myang wong Cina ngidak wani | wong Kartasura | rusak tataning baris ||

73. yudanira Ki Tumênggung Wiraguna | pan wus kèsisan dasih | pan kinandhang-kandhang | marang prajurit Cina | dèn byuki narutug bêdhil | sing keri kanan | Wiraguna gumingsir ||

74. undurira manjing biting malih sira | sêdyanira nanggoni | saking jro bitingnya | datan nêdya lumajar | nadyan nêmahana pati | ywa kongsi ginggang | saking jro bitingnèki ||

75. nanging

--- 26 : 8 ---

kala lêbête Ki Wiraguna | dhatêng bitingirèki | wontên sutanira | ingkang sêpuh prayoga | Suramanggala namèki | kang maksih tanggah | wontên jawining biting ||

76. dèrèng kongsi tumut manjing bitingira | maksih nanggulang jawi | ingkang pinanggahan | lêbête ramanira | ywa kongsi kasêsa nênggih | ing lêbêtira | ramanya mring jro biting ||

77. pan kasêlak mungsuh Cina kathah prapta | rawuh ngêbyuk ing jurit | Ki Suramênggala | panggah pangamukira | nanging datan angundhili | kakehan lawan | Suramênggala mati ||

78. dupi katur wau dhatêng ramanira | yèn atmaja ngêmasi | langkung bramatyanya | wau Ki Wiraguna | wus ngagêm waos pribadi | agya umêdal | malih sawadyanèki ||

79. sêdyanira ambelani sutanira | pangamuke angungkih | apan katadhahan | dening kang wadya Cina | wus sayah pangamuknèki | kakehan lawan | Wiraguna ngêmasi ||

80. pan malêdug wadyabala Kartasura | wong Cina samya ngungsir | myang wong Garobogan | prasamya anglud mêngsah | kang kacandhak kèh ngêmasi | wong Kartasura | pinêdhangan ing abir ||

81. Radèn Arya Malayakusuma dhadhal | lan Mangunnagarèki | ngungsi bitingira | Rahadèn Pringgalaya | kang wadyalit langkung wingwrin | sira Rahadyan | Pringgalaya mirsèki ||

82. dene langkung sura yudane wong Cina | dadya rêmbagirèki | Radèn Pringgalaya | mundur dhatêng ing Kampak | pan [pa...]

--- 26 : 9 ---

[...n] angrês manahirèki | wong cili myarsa | yèn rêmbaging priyayi ||

83. arsa mundur marang Kampak barisira | wong cilik angriyini | samya salang tunjang | gègèr ing pabarisan | pêpikul wus dèn buwangi | pating bakakrak | pati-pati bêntusi ||

84. langkung dènnya gugup Arya Pringgalaya | tinilar ing wadyalit | nanging langkung merang | lamun bubara siyang | dadya kori dèn tutupi | wus ingundhangan | sagung ingkang prajurit ||

85. aywana kang dhingin sarênga rahadyan | budhal ing mêngko ratri | dadya sagung ingkang | wadya rêrepot têlas | kantun kang para prajurit | samya prayitna | kuda wus dèn kambili ||

86. kawarnaa wau kang prajurit Cina | kèndêl dènira ngungsir | myang wong Garobogan | Rahadèn Martapura | kalawan pun Mudha Êtik | wus masanggrahan | samya kasmaran jurit ||

203. Asmaradana

1. Rahadèn Martapuraglis | parentah ing wadyanira | amênêdi kuwandanekuwandhane. | Ki Tumênggung Wiraguna | ulês wus pinaringan | kinèn amêtaka gupuh | myang salawat pinaringan ||

2. wau ta pun Mudha Êtik | matur mring Dyan Martapura | kadipundi tuwan radèn | kula pukule wasisan | Si Arya Pringgalaya | yèn rêmbag ing mangke dalu | kula tukupe kewala ||

3. Rahadèn Martapurangling | ora kudu susah-susah | angabur Si Pringgaêlos | mêngko ingsun gawe akal | boya kudu manusa | iya kodhokngorèk [kodho...]

--- 26 : 10 ---

[...kngorèk] ingsun | sun kon bujung Pringgalaya ||

4. poncotan mantri panumping | padha golèka wit-witan | kang aluhur kang agêdhe | wèhana ambèn-ambènan | gamêlan unggahêna | tatabên ing têngah dalu | dimèn ngrungu Pringgalaya ||

5. pasthi yèn minggat pribadi | ngrungu kodhokngorèk ingwang | pasthi dèn arani ingong | kang arsa umagut yuda | sigra wau kang wadya | amanggih wit asêm luhur | wus sinung ambèn-ambènan ||

6. gamêlan nginggahkên aglis | tan atêbih prênahira | kalawan pabarisane | Radèn Arya Pringgalaya | mangkana kang winarna | praptèng wanci têngah dalu | gamêlan umung tinêmbang ||

7. kagyat sadaya mirsèki | sagunging wong pabarisan | sirarya Pringgalayage | anyengklak turangganira | lumaywa saha bala | sagung punggawa tan kantun | wadyalit mawur sarsaran ||

8. agusis sami salatri | wontên kagungan sang nata | mariyêm ginadhuhake | marang Radèn Pringgalaya | kantun ing pabarisan | nênggih wontên magangipun | Radèn Arya Pringgalaya ||

9. pocotan mantri panumping | awasta Ki Kartadipa | ing Andong kawijilane | matur maring Radèn Arya | mariyêm kang kagungan | raka paduka sang prabu | maksih kantun anèng Bicak ||

10. manawi dinangu benjing | pasthi sampeyan dinukan | dening prang dèrèng abucèl | tilar kagungan narendra | sumaur radèn arya | asêrêng [asê...]

--- 26 : 11 ---

[...rêng] sarwi ambêkuh | lah iya kayapa sira ||

11. sira iku paksa wani | mara sira balènana | mriyêm kagungan sang katong | tur sêmbah Ki Kartadipa | sandika nulya kesah | sarwi mundhut sikêpipun | maring sagunging punggawa ||

12. Ki Kartadipa wus bali | lampah pandung sêdyanira | wus praptèng Bicak lampahe | kapanggih mamring kewala | tan wontên mungsuh prapta | kodhokngorèk kang angungkung | maksih anèng katêbihan ||

13. mariyêm wus dèn dandani | gumujêng Ki Kartadipa | miyarsa kodhokngorèke | mungêl nèng luhur kêkaywan | asigra lampahira | radèn arya wus kasusul | kèndêl baris anèng Kampak ||

14. kalangkung suka tan sipi | wau Radèn Pringgalaya | umiyat maring solahe | Ki Kartadipa ginanjar | langkung dènnya sinihan | kapracayèng siyang dalu | tansah ing ngayunanira ||

15. ing mangkin ingkang winarni | apan wis gagat raina | Rahadèn Martapurane | kalawan pun Êncik Macan | budhal sing pamondhokan | saha bala sampun rawuh | ing Bicak pan wus kancikan ||

16. angrantamakên wadyalit | sira Radèn Martapura | gantya wau winiraos | Radèn Anatakusuma | budhal saking layapan | saha wadyakuswa umung | nêdya majêng barisira ||

17. angêbroki ing Talgaji | pangajêngira wus budhal | anèng Toyana barise | pasisir bang kilèn prapta | Rahadèn Jayaningrat | wau kang

--- 26 : 12 ---

angirid laku | lawan Radèn Suralaya ||

18. pinarnah pakuwonnèki | wau Radèn Jayaningrat | lan Radèn Suralayane | tunggil lan radèn apatya | ingkang tinuduh ngarsa | sira Rôngga Kaliwungu | lawan Ki Ngabèi Kêndhal ||

19. kang tinuduh anindhihi | punggawa ing Kartasura | nênggih Sutawijayane | lan Ngabèi Wiradigda | Ngabèi Rêksapraja | mangkana ingkang winuwus | sira Radèn Martapura ||

20. wangsul maring Dêmak malih | dening nagri Garobogan | tinilaran mantri bae | kalawan prajurit Cina | tigang dasa tinilar | lampahe wus praptèng Gubug | lajêng umarêk narendra ||

21. panggih lan Dipati Pathi | miwah pun Singsèh Sapanjang | suka miyarsa wartine | duk kalanira ayuda | lan wadyèng Kartasura | punggawa kalih kasambut | Singaranu Wiraguna ||

22. katur ing Jêng Prabu Kuning | Susunan Mangkurat Êmas | kalangkung trusthèng driyane | miyarsa ing yudanira | punggawèng Kartasura | saengga amêngsah kuntul | ingawe mabur sadaya ||

23. akasukan siyang ratri | Prabu Kuning Amangkurat | lawan sagung punggawane | tuwin kang prajurit Cina | umung samyandrawina | sira Ngabèi Ping Bulung | kang abaris anèng ngarsa ||

24. prapta dutane tur paksi | yèn radèn rêkyana patya | amajêngakên barise | ingkang kinarya pangarsa | baris anèng Toyana | nênggih Rôngga Kaliwungu | lawan Ki Wôngga ing Kêndhal ||

25. Sutawijaya nindhihi |

--- 26 : 13 ---

kathah mantri Kartasura | tanpa wilangan barise | bêbiting anèng Toyana | dene radèn apatya | ing Tlagaji ênggènipun | amakuwon saha bala ||

26. Dipati Pathi apikir | masalah ing bôndayuda | lan Radèn Martapurane | miwah pun Singsèh Sapanjang | angling Dyan Martapura | yèn puniki sami rêmbug | kang abaris ing Toyana ||

27. kang kula gitik rumiyin | yèn wontên ungguling yuda | inggih ta lêluwangane | wong agung Pajang Mataram | awis ingkang kemutan | maring kadigdayanipun | kathah katut ing jalanah ||

28. kados ing Trêmala nguni | pothol ingkang anèng ngarsa | ing wuri tambuh gawene | Radèn Arya Pringgalaya | senapatining yuda | anggêndring dènnya lumayu | tan mawi ginitik ing prang ||

29. sadaya anut ing pikir- | rira Radèn Martapura | pun Sapanjang miwah Singsèh | sigra angundhangi bala | samaktaning ayuda | wus budhal saking ing Gubug | sira Radèn Martapura ||

30. lan wadyanira kinêrig | dene kang têngga sang nata | Cina winatara bae | lawan Dipati Santênan | ginêlak lampahira | Rahadèn Martapura wus | prapta sawetan Toyana ||

31. pan wanci ing pukul kalih | kèndêl samya nata bala | pan ing pukul sakawane | angrampid ing pabitingan | sagung prajurit Cina | masang kalantakanipun | kêkênthung bèri wurahan ||

32. Kapitan Singsèh nindhihi | ramya [ra...]

--- 26 : 14 ---

[...mya] swaraning sanjata | wadya ing jro biting kagèt | samya miranti sadaya | rame abêbêdhilan | prajurit Cina gumulung | samya ngrangsang pabitingan ||

33. punggawèng Kartasurèki | Ngabèi Sutawijaya | Ngabèi Rêksaprajane | Ngabèi Wirawidigda | samya minggah palatar | wong Cina akèh kasambut | sinipat saking palatar ||

34. Rahadèn Martapuraglis | asuwarèng wadyanira | miwah pun Kapitan Singsèh | kang wadya sarêng umangsah | samya ngantêp ing yuda | wadya jro biting atangguh | ambendrong saking palatar ||

35. ing pukul sakawan latri | gènira wiwit ayuda | mangkya wus gagat siyange | katingal wawas-winawas | mundur prajurit Cina | pamrihe wong Cina mundur | wong jro biting mêtonana ||

36. nanging tan purun mêtoni | bêdhil saking katêbihan | bêdhil-binêdhil arame | praptèng pukul kalih wêlas | dènnira bôndayuda | prajurit Cina sadarum | samya kèndêl mêmanganan ||

37. dupi praptèng wanci lingsir | kilèn kang prajurit Cina | sarêng mangsah ngrangsang bètèng | sêdya ngantêp ing ayuda | Rahadèn Martapura | lan Singsèh nindhihi pungkur | kotbuta prajurit Cina ||

38. tan kandhêg bendrong ing bêdhil | riwut samya kang ayuda | wong Cina nguncali êlong | kobong jroning pabitingan | gègèr dening dahana | tataning baris wus kuwur | wong cilik mawur wurahan ||

39. cina samya amêgati | dadya wayang awuyungan | kathah bucal [buca...]

--- 26 : 15 ---

[...l] gêgamane | biting sampun kalêbêtan | dening prajurit Cina | sira Rôngga Kaliwungu | nêdya kiwul sawadyanya ||

40. kinarubut ing ajurit | Ki Rôngga sampun palastra | tinigas utamanggane | Ki Ngabèi Wiradigda | lawan Sutawijaya | myang Rêksapraja angumpul | wadyane wus kathah pêjah ||

41. sakarine wus ngêmasi | agolong dènnya lumaywa | angamuk lamun kasompok | Cina tan purun parêka | dadya kinandhang-kandhang | binêdhilan saking pungkur | miwah saking keri kanan ||

42. prajurit Cinakèh bali | samya ngrayah pabitingan | dadya bênggang ing lampahe | Ngabèi Sutawijaya | Ngabèi Wiradigda | nêdya ngungsi bitingipun | rahadyan rêkyana patya ||

43. sagunging wadya kang kanin | ingkang samya dèn rêrômpa | Ngabèi Wiradigdane | Ngabèi Sutawijaya | Ngabèi Rêksapraja | samya gêgulaput êndhut | datan awarni manungsa ||

44. sapraptanirèng Tlagaji | lajêng marêk ing ngayunan | kang umiyat angrês kabèh | angungun radèn apatya | katur sasolahira | miwah Rôngga Kaliwungu | katur yèn kasambut ing prang ||

45. Toyana sampun dèn broki | inggih dhatêng pun Paridan | miwah wong Cina pun Singsèh | ngandika radèn apatya | uwis aja dinawa | wus jamake wong prang pupuh | asor unggul karsaning Hyang ||

46. aywa susah tyas sêsami | pira duwèkmu kang ilang |

--- 26 : 16 ---

ingsun kang angulihake | wis padha sira mondhoka | tunggala lan Ji Jômbla | kang tinuduh nêmbah mundur | sapraptanirèng pondhokan ||

47. tinungkak pinaring mintir | arta kalawan busana | wus samya eca manahe | gantya wau kawuwusa | Rahadèn Pringgalaya | atur uningèng sang prabu | dènnya kasoran ing yuda ||

48. punggawa kalih ngêmasi | Singaranu Wiraguna | kang sêrat lumaksanage | praptèng nagri Kartasura | wus katur ing sang nata | iya ing saaturipun | Radèn Arya Pringgalaya ||

49. yèn mêngsah punika mangkin | Mangunonêng Martapura | gusti pan dede wadose | mila sangsaya angrêbda | inggih darmi lumampah | salir solahbawanipun | punika darmi lumampah ||

50. pun Paridan nonjok tulis | gusti dhumatêng kawula | lamun sasolahbawane | pan inggih darmi lumampah | angadêgakên praja | anglampahi ing satuduh | kawula ajrih matura ||

51. mila kawula unduri | abaris wontên ing Kampak | inggih saking kawatose | dene rencang dede rencang | pan mêngsah dede mêngsah | kawula ajrih kalangkung | lair rencang batin mêngsah ||

52. sang nata ngungun mirsèki | duka sêmutên kang jaja | sumung-sumung pasuryane | animbali Wirajaya | sapraptanirèng ngarsa | asru ngandika sang prabu | alah iki Wirajaya ||

53. Si Pringgalayatur tulis | aprakara ingkang mêngsah | samêngko dudu wadine | ana ingkang

--- 26 : 17 ---

duwe akal | pan iya padha rewang | Si Garêndi madêg ratu | ana ingkang gawe polah ||

54. marma Si Pringgalayaglis | barise mundur mring Kampak | ingkang tinaha batine | iya kang baris Layapan | dene nora kayaa | jagat kudu hura-huru | senapati makan tuwan ||

55. sira lumakua aglis | marang barisan ing Kampak | ompong têtêmua dhewe | sira lan Si Pringgalaya | ing warta dèn waspada | Wirajaya awotsantun | mêdal saking jroning pura ||

56. sapraptanira ing jawi | lajêng budhal sigra-sigra | wus praptèng Kampak lampahe | wus panggih lan radèn arya | samana bêbisikan | sapawartinira katur | Radèn Arya Pringgalaya ||

57. kadriya ingkang pawarti | Ki Tumênggung Wirajaya | apan tansah gèdhèg-gèdhèg | lawan andangu sanjata | mariyêm kang ginadhah | maksih lawan botênipun | katur yèn maksih binêkta ||

160. Patih Natakusuma kadukan dhatêng Ingkang Sinuhun dipun cêpêng dening Kumpêni wontên Samarang

58. Tumênggung Wirajayèki | amit mundur saking Kampak | kunêng ingkang winiraos | Tumênggung Tirtawiguna | kang anèng ing Samarang | kang tinuduh angrêrapu | amirapêt ing arênggang ||

59. samana dutanya prapti | ngaturi srat ing sang nata | kang sêrat sampun tinampèn | binuka sinuksmèng driya | ing kangjêng sri narendra | abdi dalêm pun Tumênggung | Tirtawigunatur pêjah ||

--- 26 : 18 ---

60. gêsang katur ing narpati | saha kang pinudya-pudya | mahambêk santa budyane | ingkang paramartèng wadya | saha sêmbah kawula | rèhning kang abdi tinuduh | amirapêt ing arênggang ||

61. inggih sagunging Kumpêni | pun kumêndur sakatrinya | komasaris sêpuh anèm | pan inggih sampun pracaya | gusti dhatêng kawula | mung satunggil cacadipun | Kumpêni samya miyarsa ||

62. angrêregoni prakawis | pun paman Natakusuma | Mas Garêndi pangadêge | punika saking pun paman | pawarti kang kapirsa | inggih watêngdhatêng. pun kumêndur | marma sônggarunggi ing tyas ||

63. punika angrêruwêdi | kawula ngaturkên tiwas | nglampahi ayahan katong | rèhning abdyalit kawula | sumanggèng karsa nata | duk miyarsa sang aprabu | latu-latu ingkang jaja ||

64. mawinga-winga awêngis | andik pasuryan smu rêkta | kasaru wau praptane | Ki Tumênggung Wirajaya | lajêng tumamèng pura | praptèng ngarsa awotsantun | sang nata asru ngandika ||

65. hèh Wirajaya Si Êtir | iki angaturi sêrat | lah ênya dêlêngên kiye | Ki Wirajayatur sêmbah | sêrat sampun tinampan | miyat dukane sang prabu | gumêtêr Ki Wirajaya ||

66. dènira amaos tulis | tinungkak nata ngandika | pan wus pratela alane | si paman Natakusuma | gugup Ki Wirajaya | maos srat sarwi wotsantun | ature pan pêgat-pêgat ||

67. môngsa borong padukaji | abdi dalêm [da...]

--- 26 : 19 ---

[...lêm] pun ariya | èstu makatên ature | ngandika sri naranata | wus ilang trêsnaningwang | marang si paman pan ingsun | rêsik aywa kalepetan ||

68. kayapa dayanirèki | tur sêmbah Ki Wirajaya | yèn makatên sang akatong | paduka anglilakêna | inggih dhatêng pun paman | yèn tan makatên pukulun | tan sande akalepetan ||

69. lah iya kirima tulis | marang Si Tirtawiguna | yèn ingsun anglilakake | mring paman Natakusuma | apan sêdyane ala | sakarêpe si kumêndur | myang komasaris kalihnya ||

70. lungaa sing tanah Jawi | ywa ngala-ala maringwang | tur sêmbah anulya lèngsèr | saking ngarsane sang nata | Tumênggung Wirajaya | sapraptaning jawi gupuh | anglampahakên caraka ||

71. dhatêng nagari Samawis | kunêng wau kawarnaa | kang anèng Gubug barise | adipati ing Santênan | budhal marang Toyana | atêtilik sêdyanipun | marang Radèn Martapura ||

72. saha wadyanira atri | apan wus praptèng Toyana | panggih lan Kapitan Singsèh | miwah Radèn Martapura | lajêng apaginêman | aprakara kang rinêmbug | arsa ngaturakên sêrat ||

73. ing radèn rêkyana patih | wus dadya ingkang rinêmbag | dyan lumaksana dutane | pan sarwi ambêkta sêrat | ing marga tan winarna | ing Tlagaji sampun rawuh | duta tumamèng byantara- ||

74. nira rahadèn apatih | lagya siniwakèng bala | myang sagunging punggawandhèr | sira Radèn [Ra...]

--- 26 : 20 ---

[...dèn] Suralaya | Rahadèn Jayaningrat | tuwin ing Batang Tumênggung | Pamalang lawan ing Kêndhal ||

75. miwah Rôngga Lèpèntangi | kang kinèn angayomana | nênggih wontên atmajane | awasta Ki Wôngsaprana | kang lagya binakalan | angrèh wadyèng Kaliwungu | mangkana dutèng Santênan ||

76. praptèng ngarsa atur tulis | kagyat sagunging kang miyat | kang sêrat sampun tinampèn | ing radèn rêkyana patya | binuka sinuksmèng tyas | dyan bêbukaning kang têmbung | katura sêmbah kawula ||

77. pun adipati ing Pathi | kalawan pun Martapura | atur uninga wiyose | rèhning kawula dinuta | ambêbakali raja | wayah paduka pukulun | Mas Garêndi sampun dadya ||

78. jumênêng Sang Prabu Kuning | mangke kawula sumôngga | ing karsa sampeyan radèn | yèn suwawi pinarêka | dhatêng nagari Dêmak | amangkua ing kaprabun | wayah paduka sumôngga ||

79. yèn tan akarsa ngawaki | kang abdi nuhun pitêdah | gumujêng wau rahadèn | iki akale wong edan | titi tamat kang surat | gya pinaringakên gupuh | maring Radèn Suralaya ||

80. nanging sajroning srat nênggih | wontên sêrat lêlêmpitan | alit tan pinaringake | marma sagung pra dipatya | samya salah graita | dening sêrat jawi wau | punggawa gantya nupiksa ||

81. ya ta kang winuwus malih | duta saking Kartasura | praptèng Samarang lampahe | panggih lan Tumênggung Tirta- |

--- 26 : 21 ---

wiguna wus tinampan | kang sêrat sinuksmèng kalbu | suka dènira miyarsa ||

82. wus lajêng lumêbèng loji | Tumênggung Tirtawiguna | katur satêmbung-têmbunge | sêrat saking Kartasura | mring komasaris bêsar | miwah dhatêng ing kumêndur | prasamya suka miyarsa ||

83. sêrat wus kinèn mangsuli | yèn sang nata tuhu lila | animbalana dèn age | ing Radèn Natakusuma | lawan kinèn mampira | ing loji panggih lan ingsun | Tirtawiguna wus mêdal ||

84. caraka tinulak aglis | sampun binêktanan surat | kang badhe katur sang katong | duta lampahe asigra | wus praptèng Kartasura | surat wus katur Tumênggung | Wirajaya dyan sewaka ||

85. sapraptanirèng jro puri | sêrat katur ing narendra | tinampèn tinupiksage | sang nata sigra utusan | amatêdhani surat | ing radèn apatih wau | asigra lampahing duta ||

86. sampun praptèng ing Tlagaji | duta tumamèng ngayunan | kang sêrat dhinawuhake | ing radèn rêkyana patya | tinampan tinupiksa | miyarsa kalangkung ngungun | sira rahadèn apatya ||

87. apan tinimbalan mulih | lan pinatêdhan uninga | yèn mêngsah Cina ing mangke | wus angancik Salatiga | lan kinèn amampira | pêpanggiha lan kumêndur | myang komasaris kalihnya ||

88. kagyat rahadèn apatih | langkung wagugên ing driya | dènnya miyarsa wartine | Cina ngancik Salatiga | dadya ngundhangi wadya | wadyalit [wa...]

--- 26 : 22 ---

[...dyalit] kang samya ngrungu | budhal tan mawi ngundhangan ||

89. pikulan kèh dèn bucali | wus pêpêt dening rêmbatan | wau korine kang bètèng | dening sagung pra dipatya | samya munggèng ngayunan | radèn patih ngandikasru | mring Ngabèi Wiradigda ||

90. lawan Ki Rêksaprajèki | lan pêpatihe kang putra | lan sabaturira kabèh | hèh sira padha karia | lawan sabaturira | panjêrên bandera iku | dèn katon saking kadohan ||

91. yèn ingsun mêngko lumaris | kira-kira saonjotan | sira sumusula kabèh | ywa kari sabaturira | poma aywa pêpeka | pêpanjêran banderèku | kabèh lah sira tinggala ||

92. tur sêmbah ingkang tinuding | sira rahadèn apatya | budhal sawadyabalane | atata ing lampahira | wus angsal saonjotan | kèndêl ngêntosi ing pungkur | wadyaglar ngèbêki papan ||

93. prajurit Cina udani | yèn baris Tlagaji bubar | apan arsa dèn kêkodhol | nanging tahane manahnya | maksih wontên bandera | pinanjêr panyananipun | jro biting maksih akathah ||

94. dangu-dangu aningali | yèn wontên gêgaman mêdal | anusul gêgaman gêdhe | bandera maksih tinilar | ya ta kang wadya Cina | awas dènira andulu | tumanduk mring pabitingan ||

95. pondhok samya dèn obongi | wau ta Ki Wiradigda | sampun amor ing lampahe | lan radèn [ra...]

--- 26 : 23 ---

[...dèn] rêkyana patya | lajêng samya lêlampah | ing marga datan winuwus | praptèng dhusun ing Rangkudan ||

96. amasanggrahan dyan patih | lawan sagung pra dipatya | nanging tan eca manahe | dènnya wus miyarsa warta | ing dukane sang nata | winastan makèwêd laku | batine nganthi wong Cina ||

204. Kinanthi

1. rahadèn patih sadalu | tanpa sare mêrêm mêlik | kang kacipta jroning nala | ing karsa mandhêg anolih | yèn ingsun anutugêna | amomong ing Sri Garêndi ||

2. liwat nisthane wak ingsun | dene wus corah ing warti | lêlakoningsun punggêla | tan wande ingsun bilahi | Si Garêndi sun cêkêla | sun aturna mring sang aji ||

3. abangêt niayaningsun | pasthi ngayunan tinagih | besuk nèng alam ngakerat | dene ku panggawe mami | kayapriye solah ingwang | samana wus gagat enjing ||

4. nimbali pêpatihipun | Surajaya praptèng ngarsi | lan sagunging para lurah | sadaya wus praptèng ngarsi | rahadèn patih ngandika | sira kabèh ingsun todhi ||

5. trêsnanira marang ingsun | pa milu sabaya pati | utawa kalamun ora | padha matura sayêkti | pra lurah samya karuna | dhuh gusti sang adipati ||

6. anjanmaa kaping sèwu | tan adarbe tingal kalih | yèn maksih nèng tanah Jawa | lêbura dèn kadi siti | sanadyan gusti nabranga | yèn kenging milwa nglabuhi ||

7. kang putra sadaya rawuh | praptèng ngarsa awotsari | Adipati [A...]

--- 26 : 24 ---

[...dipati] Jayaningrat | Radèn Natawijayèki | lan Radèn Wiryadiningrat | punika kang sangêt sakit ||

8. marma sangêt rêntêngipun | tyasira radèn apatih | dene sakite kang putra | nuju tog-toging prakawis | rahadèn patih ngandika | kabèh wadya-wadya mami ||

9. besuk nèng Bahrawa ingsun | arsa nêrangakên pikir | yèn tan kanggo atur ingwang | ing kono sun cawêt gilig | sun rewangi bêng-ubêngan | pan iya ingsun lakoni ||

10. môngsa kudhisana ingsun | angakahi tanah Jawi | yèn sang nata maksih dhahar | ature wong kang darêngki | nora nganggo atur ingwang | pasthi jagat datan bêcik ||

11. hèh Surayuda Parêmbun | ing besuk muliha aglis | kalawan Si Nilasraba | Si Sewabôngsa ywa kari | wong Pagêlèn ayomana | sira apacaka baris ||

12. atêpunga sira besuk | lan wonge Si Adipati | Jayaningrat Pakalongan | besuk angadêgna baris | nulya sagung para lurah | asupata gênti-gênti ||

13. ing samêngko awak ingsun | pama lumpuh wuta tuli | nanging sun kuku mangangkang | arja siyung purasani | iku padha kawruhana | wadya sadaya wotsari ||

14. sigra wau aturipun | Radèn Sujanapurèki | mênggah ing rayi sampeyan | lan putra sampeyan nênggih | kang kantun nèng Kartasura | paran rèh paduka benjing ||

15. rahadèn angandikasru | gampang paman anak [a...]

--- 26 : 25 ---

[...nak] rabi | sok ugi kadadèhana | paman lêlakon puniki | nulya angundhangi bala | budhal ing sadina benjing ||

16. ing ratri datan winuwus | enjing sagunging prajurit | sadhiya anata wadya | ing lampah wus dèn undhangi | dèn arakit anèng marga | ngambah talatah Samawis ||

17. budhal saha bala umung | tanpa wilangan wadyalit | ing marga tan winursita | ing Lampèr samana prapti | amakuwon saha bala | rahadèn rêkyana patih ||

18. kèndêl tan anawèh wêruh | praptane mring komasaris | Kumpêni tan munasika | antara ing tigang ratri | rahadèn patih ngandika | duk ing wanci pukul kalih ||

19. mring lurah Jayèngastrèku | kang saos amêmêtêki | lawan lurah Jayantaka | Si Garèng warahên enjing | konên marang pondhokannya | kakang Tirtawigunèki ||

20. kakang Tirtawigunèsuk | turana malêbèng loji | kon marah yèn ingsun arsa | têtêmu lan komasaris | kagyat wadya kang miyarsa | dènnyarsa malêbèng loji ||

21. dene wingi rêmbagipun | sêdya ngantêbi prakawis | dèn rowangi bêng-ubêngan | angakahi tanah Jawi | dene kang abdi sadaya | dèn pundhut prasêtyanèki ||

22. iki apa wadinipun | têkarsa malêbèng loji | dene ta wus pêpatahan | kang abdi binagi-bagi | Kêdhu Pagêlèn Mataram | kang kinon umadêg baris ||

23. apadene [apade...]

--- 26 : 26 ---

[...ne] putranipun | Jayaningrat Adipati | pan uwus pinarentahan | besuk kinèn ngadêg baris | sêdya ngantêp ing ayuda | mêngko arsa mlêbèng loji ||

24. wusnya gagat siyangipun | Garèng sampun dèn dhawuhi | kinon marang pamondhokan | Tirtawigunatur paksi | yèn radèn patih akarsa | panggih lawan komasaris ||

25. Si Garèng miyarsa jêtung | apa wadine jêng gusti | têka arsa pêpanggiha | lawan tuwan komasaris | mêngko ingsun arsa ngatas | timbalane kangjêng gusti ||

26. Ki Garèng wus praptèng ngayun | ngandika radèn apatih | Garèng enggal lumakua | mring kang Tirtawigunèki | warahên yèn ingsun arsa | têtêmu lan komasaris ||

27. Garèng tur sêmbah umatur | punapa sampeyan lali | ing rêmbag wingi punika | dene têka mlêbèng loji | ambêkuh radèn apatya | têmikayanga dèn aglis ||

28. Ki Garèng tur sêmbah mundur | sigra lumampah sira glis | wus prapta pondhokanira | Kyai Tirtawigunèki | wus dhinawuhakên enggal | timbalane radèn patih ||

29. sigra Tirtawiguna wus | lumampah maring jro loji | komasaris wus kapêdhak | tinêmbungakên tumuli | yèn radèn patih akarsa | pêpanggih lan komasaris ||

30. lêbih baik sauripun | kumêndur lan komasaris | pundi dutane rahadyan | nolih Tirtawigunèki | Garèng gya majêng mring ngarsa | alon mojar komasaris ||

--- 26 : 27 ---

31. iya matura gustimu | liwat sukane tyas mami | ingsun dahat ngarsa-arsa | anuli ingsun aturi | Ki Garèng tur tabe mêsat | sira saking jroning loji ||

32. sigra-sigra lampahipun | Garèng ing Lampèr wus prapti | lajêng tumamèng ngayunan | ngandika radèn apatih | dene enggal lakunira | Garèng matur awotsari ||

33. inggih gusti tabenipun | kumêndur lan komasaris | paduka dèn arsa-arsa | yèn èstu têdhak mring loji | rahadèn patih sayaga | kang wadya wus dèn undhangi ||

34. sampun karsaning Hyang Ruhur | rahadèn rêkyana patih | nglabuhi pikir dadakan | sanès lan karsane nguni | lampahe tan mawi bala | mung wadya kang ngampil-ampil ||

35. mêdal saking pondhokipun | sagunging wadya prajurit | pan kinèn ngantun sadaya | tan kari lan kang angiring | wus prapta ing Pangambêngan | komasaris sigra nuding ||

36. mêthuk karetanirèku | marang kapitan kêkalih | wus dangu nèng Pangambêngan | panggih lan radèn apatih | sampun ingaturan minggah | ing kreta dèn apit-apit ||

37. wau dènira alungguh | marang kapitan kêkalih | pinêcut pangiridira | kareta nandêr tumuli | wadyane radèn apatya | awit ingkang anututi ||

38. pating bacècèr kwèh kantun | ponang kareta wus prapti | nênggih pintu ingkang wetan | wadyane radèn apatih | amung kantun panakawan | kang lumajêng anututi ||

39. ginitik ngrotan [ngrota...]

--- 26 : 28 ---

[...n] kang mangsuk | umiyat radèn apatih | alon dènira ngandika | marang kapitan kêkalih | punapi manah manira | tan olèh gawa wong siji ||

40. kapitan kalih turipun | punapa apasthi kêni | nanging kareta ginêlak | wus prapta ngarsaning loji | sigra ingaturan têdhak | lajêng tumamèng jro loji ||

41. nayaka katiga mêthuk | kumêndur lan komasaris | sawusira têtabean | binêkta lungguh ing kursi | gya sinêndhal dhuwungira | dragundêr samya marpêki ||

42. samya narik pêdhangipun | wênèh angancari bêdhil | anjungkêl radèn apatya | anèng saluhuring kursi | anarka pêdhang tumiba | marang ing angganirèki ||

43. pan ing saya dangu-dangu | pêdhang tan ana nibani | jênggèlèk sarwi ngandika | mring kumêndur komasaris | punapi awak manira | tan kêni tutur sayêkti ||

44. komasaris sauripun | sampun radèn botên kêni | pan kula punika darma | timbalane sri bupati | sayêkti ajrih kawula | kang parentah sang narpati ||

45. gya pinarnahakên sampun | ing gêdhong wus dèn parèsi | kang wadya wus ginusahan | kinèn mring pondhokirèki | Tumênggung Tirtawiguna | mawur wadya kang mirsèki ||

46. asewangan bubaripun | pakuwon wus dèn jarahi | Tumênggung Tirtawiguna | wus lumampah dutanèki | atur uningèng narendra | yèn radèn rêkyana patih ||

47. ing mangkya sampun kapikut | pinarèsi nèng jro loji |

--- 26 : 29 ---

duta praptèng Kartasura | wus katur ing sri bupati | langkung sukane ing driya | dènnya nir kalilipnèki ||

48. nênggih warnanên ing dangu | duk Radèn Pringgalayèki | kawone saking Trêmala | sarêng dhatêng ingkang tulis | atur uninga sang nata | susahe galih narpati ||

49. kapitan samana gupuh | gènira gya kintun tulis | dhumatêng ing bangsanira | mring kumêndur komasaris | nêdha bantuning ayuda | de mangsah Cinagêng prapti ||

50. samana sampun arêmbug | komasaris anuruti | sapanêdhane kapitan | Kartasura dèn bantoni | marmanira binantonan | amrih kêkaha kang jurit ||

51. komasaris kalihipun | malah wus amarentahi | mring punggawèng Kartasura | kinèn asaosa sami | tundhan kang badhe ambêkta | obat mimising Kumpêni ||

52. kalayan sakathahipun | punggawa Kartasurèki | kang sami anèng Samarang | kinèn sami sarêng mulih | apan sami umiringa | marang lakuning Kumpêni ||

53. kang badhe sami ambantu | mring nagri Kartasurèki | mila samana samyenggar | manahing para bupati | kang sami anèng Samarang | dene badhe sami mulih ||

54. ri sampuning mangkonèku | kawarnaa komasaris | ing nguni sampun arêmbag | yèn akarsa anulungi | mring nagri ing Kartasura | awlas dhatêng ing narpati ||

55. dupi ri sasampunipun | kacêpêng radèn apatih | nèng jro loji ing Samarang | kaprèsi jro gêdhong loji | nulya komasaris [komasari...]

--- 26 : 30 ---

[...s] sigra | dhatêngkên rêmbagirèki ||

56. marang ing tuwan kumêndur | nanging datan angrêmbagi | kumêndur mring rêmbugira | komasaris dèn alangi | lamun tumuli mangkata | tulung mring Kartasurèki ||

57. lingira tuwan kumêndur | dhatêng komasaris kalih | têka pakênira wakna | nagara Kartasurèki | dêdimène têmah bêdhah | wruhan pakênira ugi ||

58. apan sang prabu puniku | tan ana pangraosnèki | yèn dèrèng atêmah papa | sah saking nagaranèki | iku aduwe pangrasa | mring patulunging Kumpêni ||

59. de Kumpêni untungipun | pira ilange ing benjing | tikêl tiga tikêl êpat | ulihe puniku benjing | pasthi boya dadi susah | ya ta komasaris kalih ||

60. tan wontên sagêd sumaur | atêmah sami nuruti | wau ingkang kawarnaa | punggawa Kartasurèki | Tumênggung Tirtawiguna | umatur mring komasaris ||

61. angêtog ing karsanipun | gènirarsa anulungi | mring nagari Kartasura | lah kadipundi ing mangkin | tuwan gènira akarsa | tulung dhatêng sang narpati ||

62. botên nuntêna lumaku | ing lampah andika mangkin | mapan ing mangke kawarta | mungsuh Cina wus angrampid | nagari ing Kartasura | langkung susah sang narpati ||

63. angrêrêpa sauripun | aris lingnya komasaris | mring Kyai Tirtawiguna | kula nênêdha kiyai | tumênggung dhatêng andika | aywa dadosa ing galih ||

64. kula têdha dipun agung | ing maklum dika kiyai | tumênggung dhatêng

--- 26 : 31 ---

kawula | gingsire ubaya mami | rèhning kawula punika | nèng parentahing Kumpêni ||

65. kadya punapa gèn laju | ubaya kula ing nguni | yèn Kumpêni dèrèng lêga | galihe ing laku mami | yêkti dawêg ingantosan | rêmbaging para radpêni ||

66. dadya kang para tumênggung | sakala ical kang galih | tan darbe pangarsa-arsa | mring pitulunging Kumpêni | dadya tyas pasrah ing suksma | panjênênganing narpati ||

67. adangu wus amit mêtu | Tirtawiguna sing loji | mundur amit têtabean | wus mantuk mring pondhoknèki | ing wingking kang kawarna |Kurang satu suku kata: ing wingking kang kawarnaa. kumêndur wicantên malih ||

68. mring komasaris nèm sêpuh | lah tuwan wruhanirèki | puniku karsane uga | sang nata gingsir rumiyin | saking ing purane ika | darapon agênga benjing ||

69. pangraose galihipun | mring pitulunging Kumpêni | apan pakênira ingwang | tan ana niyat gumingsir | gèn anjunjung panjênêngan | sira sang sri narapati ||

70. nadyan kapanggihèng gunung | susunan puniku benjing | môngsa wandea manira | kang sumusul amondhongi | mapan karêp ingsun agya | manira dêgakên malih ||

71. yèn wus manjing puranipun | umadêg narpati malih | nadyan mêngsaha abaran | Kumpêni kang ananggêni | kunêng gantya kang winarna | nagara Kartasurèki ||

72. sira Kapitan Hogêndrup | samana sinungan rabi | tinariman ing sang nata | kang tinrimakkên namèki | Mas Ayu Rêtna Asmara | ing wulan Rabingulakir ||

--- 26 : 32 ---

161. Prajurit Kartasura sami kasoran yudanipun mêngsah prajurit Cina

73. mangkana malih winuwus | sang adipati ing Pathi | lawan Radèn Martapura | sampun amiyarsa warti | yèn radèn patih wus kêna | pinikut anèng jro loji ||

74. langkung dènira angungun | samya jêtung tan kênangling | punggawa kalih sru mojar | supe rêmbag duk ing nguni | anyidrani ing ubaya | sanggupe parêng ngêmasi ||

75. sanggupe sumatyèng luhur | ing galêng sira kêkalih | ngisoring galêng matia | mêngko anyidrani janji | Dipati Pathi lingira | kadya punapa ing pikir ||

76. dene kaputungan laku | kelangan dhêdhalang adi | angling Radèn Martapura | punapa kang dèn raosi | ingiras manawa kêna | dhalang ngiras dadi ringgit ||

77. mangkana malih winuwus | sang adipati ing Pathi | lawan Radèn Martapura | sampun amiyarsa warti | yèn radèn patih wus kêna | pinikut anèng jro loji ||Nomor bait 77 ini tidak dipakai.

78. sampun karsaning Hyang Agung | datan kêna owah gingsir | Rahadèn Natakusuma | kang dèn aras satriyadi | apindha Wong Agung Menak | dèn alani malês bêcik ||

79. jaman mangke tan kalaku | ing karsane dyan apatih | punapa kang winicara | tinutugakên pribadi | pintênbanggi kalêrêsan | murwa lêlakon pribadi ||

80. anyêmpal lêlakonipun | anambêli dhalang luwih | kêlire pan dèrèng rucat | gamêlan maksih ngrêrangin | dhalange sêlak karipan | têka malêbu ing loji ||

81. Sapanjang Singsèh angrungu | langkung angungun tan sipi | ambanting teko patehan |

--- 26 : 33 ---

kalih samya mrêbês mili | baya ta kurang pracaya | radèn patih marang mami ||

82. lêbura dèn kadi banyu | wong Cina nora ngoncati | katon yèn agêng sihira | dhuh gusti radèn apatih | tuwan anglabuhi lara | abdine ingkang pêpulih ||

83. asupata kalihipun | kawula dika sêksèni | yèn tan bêdhah Kartasura | kèdêka dèn kadi siti | lêbura madyaning yuda | Dipati Pathi nimbangi ||

84. myang Radèn Martapurèku | kalih samya ambanting kris | rêmbag samyatur uninga | mring gusti Sang Prabu Kuning | yèn ingkang eyang punika | kapikut malêbèng loji ||

85. kang caraka praptèng Gubug | katur ing Sang Prabu Kuning | kalangkung pangungunira | ngrungkêp saari saratri | Dipati Pathi ngandika | lan Radèn Martapurèki ||

86. Singsèh Sapanjang tan kantun | kang baris Toyana kêrig | budhal mring Gubug sadaya | ing marga datan kawarni | wus praptèng Gubug sadaya | wau sagunging prajurit ||

87. lajêng marêk ing sang prabu | Dipati Pathi tur bêkti | tuwin Radèn Martapura | umatur Dipati Pathi | gusti ing lampah punika | tinutugakên pribadi ||

88. eyang paduka pukulun | pan inggih sampun pinasthi | bêbantên ing tanah Jawa | paduka kantun amukti | kawula arsa gitika | mring Kartasura tumuli ||

89. mumpung Samawis pukulun | mangkya sawêg ulah pikir | sagunging prajurit Cina | sampun kawula tarosi | sumôngga ing rèh kawula |

--- 26 : 34 ---

dèn ungkurna ywa tinari ||

205. Pangkur

1. sampun dènnya undhang-undhang | wau sira Sang Adipati Pathi | myang Radèn Martapurèku | miwah Singsèh Sapanjang | asadhiya tuwin Ngabèi Ping Bulung | pun Êtik lawan pun Macan | wus samêkta ing ajurit ||

2. miwah sagung pra dipatya | wus sayaga arsa budhal sang aji | sigra atêngara umung | kang tinilar ing Dêmak | mantri wingking kalawan wong Cina satus | sêdyanjog ing Salatiga | lampahe sang madêg aji ||

3. môngka panganjuring lampah | pun Cik Macan lawan pun Mudha Êtik | tuwin Ngabèi Ping Bulung | dene prajurit Jawa | Kartawirya kalawan pun Rônggajanur | lan Tumênggung Wirajaya | Martapura kang nindhihi ||

4. lawan pun Singsèh Sapanjang | Ki Dipati Pathi umunggwèng wuri | kang rumêksèng gustinipun | gêgaman abra sinang | warna-warna ing marga datan winuwus | pangarsanira wus prapta | ing Salatiga kang baris ||

5. samya angêlar jajahan | nêlukakên wong desa kanan keri | kang bôngga rinayah sampun | gègère apuyêngan | Singajaya Singapatra samya gupuh | atur uningèng narendra | yèn mungsuh nèng Lèpèncacing ||

6. lampahe dadya satunggal | Martapura lawan Dipati Pathi | lan ambêkta ratunipun | kêrig sagung wong Cina | sri narendra kapitan nimbali gupuh | mring Tumênggung Mangkuyuda | lan Tumênggung Rajaniti ||

7. lawan Radèn Mangkupraja | praptèng ngarsa ngandika sri bupati |

--- 26 : 35 ---

sira amapaga mungsuh | mêngko nèng Salatiga | Ki Tumênggung Rajaniti nêmbah matur | abdi dalêm Dipayuda | ing Pamrêdèn yèn suwawi ||

8. tumuta lampah kawula | sri narendra ngandika iya bêcik | tinimbalan praptèng ngayun | sang nata angandika | Dipayuda milua amapag mungsuh | tur sêmbah Ki Dipayuda | Wirajaya anambungi ||

9. saking wuri alon mojar | ing Têngaran Jurang puniku adhi | mung puniku dika rêbut | ywa kongsi kasabrangan | dening mungsuh dadia bètènging batur | Rajaniti nolih wuntat | nanging datan anauri ||

10. mangkana yèn angucapa | majanani kakang Wirajayèki | wong atine nora jujur | dyan punggawa katiga | sarêng nêmbah sakawan Dipayudèku | lèngsèr saking ngarsa nata | sapraptanira ing jawi ||

11. samakta prajuritira | sigra budhal Tumênggung Rajaniti | lan Radèn Mangkuprajèku | Tumênggung Mangkuyuda | ing Pamrêdèn Ngabèi Dipayudèku | ing marga tan winursita | ing Têngaran sampun prapti ||

12. kèndêl sadalu lampahnya | enjingipun majêng saha wadya tri | amakuwon Kaligandhu | sampun ayun-ayunan | anèng Tingkir kang mêngsah ing cucukipun | wau ta sri naranata | anglampahakên dutaglis ||

13. animbali Radèn Arya | Pringgalaya duta ing Kampak prapti | kabèh tinimbalan mundur | dening wartining mêngsah | miyos kilèn nèng Salatiga angumpul | bubar Arya Pringgalaya | lan Malayakusumèki ||

--- 26 : 36 ---

14. Tumênggung Mangunnagara | Singaranu sutanya kang gumanti | tuwin Ki Wiragunèku | sunu ingkang gumantya | lampahira nagri Kartasura rawuh | linajêngakên saksana | abantua ngilèn sami ||

15. lajêng Arya Pringgalaya | lampahira praptèng lor Bayalali | dènira baris ing Ambuh | kunêng Dyan Martapura | têlikira saking Kartasura rawuh | praptane atur uninga | yèn sagunging pra dipati ||

16. mangkya kumpul barisira | pan miyarsa mêngsah dadya satunggil | kang baris ing Kampak kêbut | suka alatah-latah | sigra nuduh ing mantrinira sapuluh | pinanganggèn cara Cina | wangsul angetan dèn aglis ||

17. anglèncèra anèng Kampak | nêlukêna desa kang kanan keri | iya dêdimène bingung | wadya ing Kartasura | dyan lumampah samya pinanganggèn wulung | wau kang mantri sadasa | praptèng Kampak pacak baris ||

18. gègèr kang samya dèn bahak | sampun katur mring kangjêng sri bupati | yèn ing Kampak ana mungsuh | ya ta nimbali sigra | pan pinêthil wau kang baris ing Ambuh | Radèn Malayakusuma | lawan Mangunnagaraglis ||

19. kinèn baris ing Tanawas | sampun budhal wau punggawa kalih | garawalan lampahipun | wus prapta ing Tanawas | Radèn Martapura myarsa nampèl pupu | bingunge wong Kartasura | punggawa tan pijêr ngising ||

20. nulya wau pirêmbagan | Martapura lawan Dipati Pathi | kang abaris Kaligandhu |

--- 26 : 37 ---

dawêg samya pinacak | yèn wus tugêl ing ngarsa kang anèng pungkur | môngsa dadia abahan | Si Arya Pringgalayèki ||

21. tate jago pêpêdhotan | Pringgalaya ika satriya licik | amung jail warisipun | myarsaa yèn sun mangsah | Pringgalaya pasthi minggat mambu ilu | duk lumaywa saking Bicak | binujung wong tunggu pari ||

22. mêngko manèh yèn enjoha | sampun rêmbag wau sagung prajurit | myang prajurit Cina sampun | samakta ing ayuda | sigra budhal sira Ngabèi Ping Bulung | kalawan pun Êncik Macan | dadya panganjuring jurit ||

23. sira Radèn Martapura | kang nindhihi munggèng dhadhaning baris | Sapanjang sawadyanipun | mangawat munggèng kanan | pun Kapitan Singsèh munggèng kerinipun | kang abaris Lèpènbendha | sampun amiyarsa warti ||

24. yèn wong Cina nêdya mangsah | samya mêdal anata barisnèki | Ki Dipayuda amuwus | punika yèn sêmbada | kula misah anggitika saking lambung | yèn kula wus amor mêngsah | saking ngajêng dika gitik ||

25. Ki Tumênggung Mangkuyuda | langkung rêmbag nanging Ki Rajaniti | ing ayuda kêdah ngumpul | lan Radèn Mangkupraja | kang punggawa sakawan pradondi kayun | pangarsane mungsuh prapta | lajêng dènnya ambêdhili ||

26. wadyane Ki Mangkuyuda | samya panggah rame bêdhil-binêdhil | wong Cina angidak purun | tan mawi ringa-ringa | dhasar sampun tate dènnya angsal buru | nanging

--- 26 : 38 ---

wadya Kêdhu samya | tan gumingsir anadhahi ||

27. wong Cina sayagung prapta | lajêng mangsah ngamuk lan pêdhang abir | wadyèng Mataram samyanduk | rame têmpuh ing yuda | long-linongan rewang mungsuh kathah lampus | wuru kang prajurit Cina | tan nêdya mundur ing jurit ||

206. Durma

1. Dyan Ping Bulung miyat lamun wadya Cina | èsmu repot ing jurit | mingêr barisira | satus ingkang binêkta | anglambung saking ing keri | wadyèng Mataram | ingkang tinunjang wani ||

2. samya gulung pangamukira wong Cina | Ping Bulung kang nindhihi | wau kang tinunjang | kuwur wadyèng Mataram | mantri bumi anulungi | mêksa dèn idak | rusak tataning baris ||

3. kumarubut tandange prajurit Cina | Tumênggung Rajaniti | kongkal barisira | Tumênggung Mangkuyuda | lan Dipayuda nulungi | katri punggawa | samya ngawaki jurit ||

4. riwut ing prang sira Kyai Mangkuyuda | kalih amobat-mabit | kang prajurit Cina | ing wuri kathah prapta | Ki Tumênggung Rajaniti | dhadhal lumaywa | mawur sawadyanèki ||

5. sigra mingsêr Ping Bulung sawadyanira | Mangkuyuda ginitik | lawan Dipayuda | ramya ulêng-ulêngan | wong Kêdhu pêngkuh ing jurit | miwah kang wadya | Pamrêdèn kang gumingsir ||

6. pun Êtik lan pun Macan nalabung yuda | mêdal saking ing keri | pan wus kathah pêjah | wong Mrêdèn wong Bumija | Tumênggung Mangkuprajangling | dawêg lumaywa | kakang Mangkuyudaglis ||

7. lawan paman Dipayuda dèn aenggal |

--- 26 : 39 ---

si Paman Rajaniti | apan sampun têbah | Tumênggung Mangkuyuda | maksih anêngah ing jurit | lan Dipayuda | liwung dènira jurit ||

8. kathah pêjah wong Cina ingkang katrajang | Radèn Mangkuprajèki | asru angandika | hèh wong mantri Bumija | padha cêkêlana aglis | jarane kakang | lan man Dipayudèki ||

9. kêndhaline gèndèngên mangidul enggal | gitikên saking wuri | sigra wadyanira | samya anyandhak kuda | ingingêrakên mring wuri | wus ginitikan | turangganira nolih ||

10. nulya mundur lon-lonan Ki Dipayuda | lawan Mangkuyudèki | kang prajurit Cina | samya bêbujung mêngsah | nanging tan purun marpêki | saking kadohan | pan sarwi ambêdhili ||

11. kèndêl kidul ing Jurang Têngaran samya | Kyai Mangkuyudèki | lawan Dipayuda | prasamya nata bala | mung Tumênggung Rajaniti | maksih lumaywa | ing Ambuh sampun prapti ||

12. ngungsi barisira Arya Pringgalaya | lawan Mangkuprajèki | wadya kang umiyat | samya angrês ing manah | takèn-tinakenan sami | kang saking ngarsa | takèn solahing nagri ||

13. winartanan yèn nagari awuyungan | samyalit driyanèki | anak rabinira | kang ketang jroning nala | akathah bolos ing ratri | kang saking ngarsa | nutur kasurannèki ||

14. kang wong Cina pangamuke ing payudan | samya ngênês ing galih | dalu kathah minggat | ya ta kang wadya Cina | samya wangsul ngalèr malih |

--- 26 : 40 ---

ing Lèpènbendha | pakuwon dèn êbroki ||

15. pirêmbagan sira Radèn Martapura | lawan Dipati Pathi | myang Singsèh Sapanjang | alon dènira ngucap | tuwan radèn kadipundi | karsa andika | masalahing ajurit ||

16. pikiripun radèn wong Cina sadaya | ywa tanggung ing ajurit | kêsêla wasisan | adunên gêcêk kitha | Rahadèn Martapurangling | dipun sarônta | ywa gugup ing ajurit ||

17. dimèn ngrasakakên wadya Kartasura | larane awaknèki | yèn ugi pinêlak | pan wus adat wong Jawa | yèn kabutuh ambêg pati | abot sinôngga | kang kawus wani malih ||

18. yèn ngomberan pasthi giris ing pawarta | nadyan kang maksih wani | atine wus gêmpal | tan kêna ingadua | adat wong Pajang Matawis | arang kèlingan | marang karosannèki ||

19. dadya kèndêl sagunging prajurit Cina | anut ing rèhirèki | Radèn Martapura | ya ta kang kawuwusa | Ki Tumênggung Rajaniti | atur uninga | marang sri narapati ||

20. yèn kasoran yudane dening wong Cina | mangkya dènira baris | anèng Lèpènbendha | abdi paduka risak | para mantri kwèh ngêmasi | sri naranata | kagyat sigra nimbali ||

21. marang para santana kinèn bantua | Pangeran Angabèi | Pangran Buminata | Pangran Dipanagara | lan Pangeran Singasari | Pangeran Rôngga | Pangeran Mangkubumi ||

22. Pangran Arya Pamot Pangran Prangwadana |

--- 26 : 41 ---

Pangran Arya Matawis | Pangeran Panular | Pangeran Danupaya | Pangeran Silarong nênggih | wusnya samakta | budhal saking nagari ||

23. baris anèng sakilène Toyadana | saha wadyakuswa tri | Martapura myarsa | yèn sagunging santana | mêdal saking ing nagari | bantu ngayuda | suka dènnya mirsèki ||

24. pirêmbagan lawan Dipati Santênan | paran ta ki dipati | wadyèng Kartasura | tan ana dadi karya | tuwin kang para dipati | tan darbe manah | sasat sawung kabiri ||

25. mung kang baris sakidul Jurang Têngaran | Ki Mangkuyuda maksih | wontên pêpuranya | nanging wonge kèh minggat | mêngko sun tonjok ing tulis | sigra nênurat | Radèn Martapurèki ||

26. sawuse nênurat gya nglampahkên duta | sakidul Jurang prapti | lajêng dutanira | tumamèng ing ngayunan | kang sêrat wus dèn tampèni | sinuksmèng driya | bêbukaning kang tulis ||

27. sêsampune katur salam kula kakang | wiyose tur upaksi | yèn ing lampah kula | wontên kang kula êmban | sêdya nagih gênti waris | marma pun kakang | sampun asalah kardi ||

28. pan andika wong cilik kadi kawula | dipun emut ing nguni | lêluhur andika | marma ran Mangkuyuda | inggih sintên kang akardi | inggih kang êmbah | gusti kula puniki ||

29. yèn andika nêdya labuh matyèng karya | kula botên mikani | nanging abarisa | wurine Pringgalaya | sêdhêng boboting wong ngabdi | nadyan matia |

--- 26 : 42 ---

kondhang santana aji ||

30. yèn tan purun mundur mêksa ananggulang | nanging dèn panggah ugi | aywa ngadu bala | payo padha prawira | rupaa buta sakêthi | wong Kartasura | tan wande sun kêmbari ||

31. dupi myarsa Ki Tumênggung Mangkuyuda | gêmpal manahirèki | ya ta enjing sira | Rahadèn Martapura | Cina satus kang tinuding | têtindhihira | Ping Bulung lan pun Êtik ||

32. arsa gitik mring barise Mangkuyuda | munya kêkênthung bèri | budhal saha surak | Tumênggung Mangkuyuda | sampun ingaturan uning | yèn wadya Cina | punikarsa dhatêngi ||

33. asayaga Ki Tumênggung Mangkuyuda | nanging êlom kang galih | wus bubar lon-lonan | angungsi barisira | Rahadèn Pringgalayèki | prajurit Cina | Têngaran dèn anciki ||

34. nanging datan purun anglud angungsira | dèrèng dèn parentahi | lamun angungsira | ing Radèn Martapura | miwah Adipati Pathi | marmanya kewran | kèndêl sakidul kali ||

35. Radèn Arya Pringgalayatur uninga | ing pangran angabèi | lamun ingkang mêngsah | ngancik ing Kajêngtigan | pangarsane Ngampèl prapti | kagila-gila | bêbahak bêboyongi ||

36. jêng paduka anggèr dipun aprayitna | badhe kawula ungsi | nadyan rêrêmpona | yèn nunggil lan sampeyan | kagyat pangeran ngabèi | wus tinimbalan | wau kang rayi-rayi ||

37. praptèng ngarsa sadaya samya ngandika | pangeran [pange...]

--- 26 : 43 ---

[...ran] angabèi | kabèh yayi êmas | paran budine samya | prakara ênggon abaris | pêtêng ing ngarsa | têka padhang ing wuri ||

38. apan ora pakolèh ênggoning aprang | bêcik kang pêtêng wuri | kang padhang ing ngarsa | puniku yèn sêmbada | kalawan si adhi-adhi | angalih papan | ing Asêm iku bêcik ||

39. dene pêtêng ing wuri padhang ing ngarsa | Pangeran Mangkubumi | alon aturira | kawula botên rêmbag | dene sompok lan nagari | lamun sambada | lêhêng ngilèna ugi ||

40. sakilèning Têras punika awiyar | inggih pêtêng ing wuri | apadhang ing ngarsa | kang rakasru ngandika | ora bêcik iku adhi | ing keri kanan | babah jêmbar tur radin ||

41. dadya mungsuh pakolèh yèn ngingsêrana | dhèwèk dadi kasupit | bêcik Ngasêm uga | nadyan si bêbitinga | wasisan gon angrungkêbi | kang rayi samya | datan suwalèng kapti ||

42. nulya bubar barise santana samya | mring Asêm dènnya baris | wau kawarnaa | Rahadèn Martapura | lan sira Dipati Pathi | apirêmbagan | nêdya mukul kang baris ||

43. anèng Ambuh sira Radèn Pringgalaya | miwah sagung bupati | Dipati Santênan | myang Radèn Martapura | prajurit Cina tinari | Kapitan Panjang | Singsèh lawan pun Êtik ||

44. pun Ping Bulung samya suka linajêngna | sanadyan mati urip | nuli anggêcaka | kadhaton Kartasura | ywa lami-lami nèng margi | nênusuh

--- 26 : 44 ---

manah | lêhêng maguta jurit ||

45. dhingin wani mêngko wani pan samôngsa | kèlu sang adipati | sigra atêngara | myang Radèn Martapura | samakta sawadyanèki | prajurit Cina | budhal cucuking baris ||

46. sarwi nabuh kêkênthung bèri wurahan | Ping Bulung kang angirid | satus winatara | môngka cucuking yuda | Kapitan Panjang nambungi | sawadyanira | surak-surak samargi ||

47. kang nindhihi wuri Radèn Martapura | dene Dipati Pathi | lan Singsèh Kapitan | angrêksa ratunira | gêgaman lir wukir agni | panganjuring prang | Ping Bulung sampun prapti ||

48. kèndêl anèng Ngampèl samya nata bala | munya kêkênthung bèri | wau kawarnaa | wadyagêng Kartasura | miyarsa yèn mêngsah prapti | Rahadèn Arya | Pringgalaya ngundhangi ||

49. marang wadyanira amêthuka mêngsah | myang sagung pra dipati | samya urun wadya | bubar saking gêgaman | ing Kênthèng gènnya nadhahi | prajurit Cina | miyat kang mêngsah prapti ||

50. sarêng nêmpuh kotbuta prajurit Cina | Ping Bulung kang nindhihi | saha ciyak-ciyak | langkung dènnya gambira | wong Cina samya ambêdhil | wong Kartasura | mawur lumayu ngisis ||

51. ngungsi barisira Arya Pringgalaya | kalulun ing pawarti | tan kongsi uninga | marang kang mungsuh Cina | kuwur tatane kang baris | asalang tunjang | lumaywa rêbut dhingin ||

52. kang prajurit Cina gambira umiyat | de mungsuhira ngisis | malêdug sar-saran | ginêlak lampahira |

--- 26 : 45 ---

wus prapta ing Bayalali | Ki Dipayuda | Pamrêdèn anadhahi ||

53. anèng Maossanga dènnya prang sakêdhap | wong Cina ngamuk sami | Ping Bulung kotbuta | Dipayuda lumaywa | nanging maksih mirang-miring | kèndêl nèng Têras | wontên bêbantu prapti ||

54. wong nirbaya kalawan wong jagabaya | tuwin wadya saragni | pan têtindhihira | lêlurah jagabaya | Puspakusuma namèki | sêdhêng sudira | trah saking Surawèsthi ||

55. sutanira Ki Arya Jayapuspita | ing Toyadana prapti | kapêthuk dènira | wadya ingkang lumaywa | myang Arya Pringgalayèki | Puspakusuma | asru dènira angling ||

56. kadipundi rahadèn karsa andika | kula kinèn bantoni | angling Radèn Arya | iya têka banjura | ingsun antèni sirèki | Puspakusuma | lajêng sawadyanèki ||

57. praptèng Têras katingal kang mungsuh Cina | lajêng têmpuh ing jurit | sira Dipayuda | amor ing wurinira | nanging wongira wus kêdhik | Puspakusuma | gambira mangsah ngungkih ||

58. samya kandhêg lampahe prajurit Cina | tinata barisnèki | bêdhil kalantaka | kang samya munggèng ngarsa | tinambêm ing pundhak sami | prajurit Cina | sarêng dènnya bêdhili ||

59. wadya anirbaya lan wong jagabaya | miwah wadya saragni | kuwur tatanira | angungsi wurinira | Puspakusuma nadhahi | sawadyanira | sura pêngkuh ing jurit ||

60. amung kalih wêlas samya nitih kuda | sadaya ngrangkab lêmbing | wong Cina narajang |

--- 26 : 46 ---

nyênyiwo keri kanan | apan samya dèn towoki | sing luhur kuda | gangsal ingkang ngêmasi ||

61. kèndêl lênggah wau kang prajurit Cina | samya ngantos kang wuri | wadyèng Kartasura | nirbaya jagabaya | saragni myang para mantri | malêdug samya | lumaywa rêbut dhingin ||

62. pangraose Puspakusuma wus pêjah | dening binendrong bêdhil | mila asar-saran | wadya ingkang lumaywa | Rahadèn Pringgalayèki | nèng Toyadana | miyarsa sanjata tri ||

63. anyamêthi turôngga sigra lumaywa | narajang barisnèki | sagunging santana | wingwrin kalulun samya | wadyalit pan sampun ngisis | asalang tunjang | tan ana tolih gusti ||

64. kang abaris ing Asêm sadaya dhadhal | pangeran angabèi | lan para arinya | lumaywa asewangan | tan kongsi matur sang aji | Puspakusuma | wau dènira jurit ||

65. pan kawratan mungsuh wong Cinakwèh prapta | Ping Bulung angawaki | myang Kapitan Panjang | samya nrêgakên wadya | wong Cina angidak wani | Puspakusuma | mundur pan miring-miring ||

66. sarwi nguwuh-uwuh wadyèng Kartasura | bantonana sun iki | wong sèkêt kewala | suraka wuriningwang | ngong balèkne Cina iki | mring Salatiga | yèn ora kongsi bali ||

67. ingsun dudu anake Jayapuspita | dudu trah Nyurawèsthi | wadya kang miyarsa | samya nolèh kewala | tan wontên kang purun bali | Puspakusuma | kaku tyasira

--- 26 : 47 ---

nangis ||

68. asêsambat dhuh gustiku sang narendra | apa kang abdi iki | tan ana angrasa | wibawa saking nata | lan sakèhe ingkang abdi | baya tan ana | ingkang trah wong bêbêcik ||

69. yèn pinêlak ing Cina Puspakusuma | mandhêg sawadyanèki | arsa angamuka | dadya wong Cina taha | binêdhilan saking têbih | pan sinurakan | kadya angiring-iring ||

70. sarwi ngobong-obong kang prajurit Cina | dhusun saurut margi | praptèng Toyadana | wau kang kawuwusa | sri narendra nèng jro puri | wus asayaga | arsa ngawaki jurit ||

162. Ingkang Sinuhun ing Kartasura nyarirani piyambak badhe mapagakên prajurit Cina

71. anèng ing mandhapapandhapa. pinarak dhêdhampar | de kang nèng pôncaniti | wong gêdhong kaparak | dene kang anèng pura | kang rumêksèng sri bupati | kantun kang wadya | namèngyuda lan malih ||

72. wong Suranata Ngabèi Saradipa | lan sakancanirèki | myang Ki Bangsantaka | kalawan Sarantaka | myang sakancanira sami | wong Sawojajar | lan banjar andhap malih ||

73. kya pangulu saha wadya sakauman | miwah kang para kaji | Pangran Wijil sira | anunggil saradipa | wong panandhon tan atêbih | gamêl jajarnya | kang tansah munggwing ngarsi ||

74. kangjêng pangran adipati sah ingayap | desa gunging wadyèki | saha busanèng prang |

--- 26 : 48 ---

gêgaman warna-warna | samya sumaos ing jurit | wadya sadaya | angantos karsa aji ||

75. animbali ing Tumênggung Wirarêja | praptèng ngarsa narpati | asru angandika | hèh bapa Wirarêja | kayapa wartaning jawi | bocah sun atag | amapag mungsuh sami ||

76. atur sêmbah Ki Tumênggung Wirarêja | tan wontên tur upaksi | abdi sri narendra | sagung ingkang punggawa | kang sami mêthuk ing jurit | nanging têtiyang | saking kilèn anggili ||

77. nanging wartinipun têtiyang kang prapta | sagung santana aji | pan sampun lumaywa | larut datan kandhêga | angandika sri bupati | mring Bangsantaka | lawan Bôngsapatrèki ||

78. Bangsantaka Bôngsapatra ana pira | iya bocah kang kari | sigra matur nêmbah | sira Ki Bangsantaka | inggih gusti winatawis | abdi paduka | wontên sèwu kang kari ||

79. angandika sang nata yèn mangkonoa | lah payo ingsun mijil | sun papage enggal | yudanira Si Cina | kasaru praptanirèki | Surawiguna | lawan Dipayudèki ||

80. Pamarêdèn pan sami atur uninga | yèn pra santana aji | wus kawon sadaya | datan môngga muliha | angandika sri bupati | Surawiguna | lan Si Dipayudaglis ||

81. alah padha mêtua sira dèn enggal | mapaga mungsuh malih | sigra atur sêmbah | kalih wus praptèng jaba | saksana tindak siraglis | sri naranata | arsa miyosi jurit ||

82. ginarêbêg [gina...]

--- 26 : 49 ---

[...rêbêg] ing wadya para ngulama | miwah kang para kaji | Kyai Saradipa | lawan wong Suranata | Kyai Pangulu tan têbih | sakancanira | miwah Pangeran Wijil ||

83. Bangsantaka Bôngsapatra keri kanan | ngamping lampah nrêpati | lan wong Sawojajar | miwah wong Banjar Andhap | wong Pênandhan Gamêl sami | lêlurahira | Dyan Suranagarèki ||

84. juru carik garêji myang priyantaka | undhagi datan kari | wus samya samêkta | sagêgamaning yuda | wus angagêm sri bupati | waos wasiyat | Kya Palèrèd pinusthi ||

85. duk andungkap undhak-undhakaning lawang | Kya Wirajaya prapti | sigra ngrangkul pada- | nira sri naranata | angandika sri bupati | hèh Wirajaya | kayapa lakunèki ||

86. wirajaya umatur ngaturkên tiwas | padukaji puniki | akarsa punapa | miyos saking jro pura | angandika sri bupati | ingsun akarsa | nindhihi wadya mami ||

87. saha nêmbah aturira Wirajaya | pukulun padukaji | tan wontên ing kina | ratu nyarirani prang | asru ngandika nrêpati | atungtung duka | apa abamu iki ||

88. Wirajaya kaya apa ênggon ingwang | ora maguta jurit | pasthi wadyaningwang | mêsakakên kewala | yèn ora ingsun belani | dènnya apêrang | mulèngsun bela jurit ||

89. marmi tanya sang nata atungtung duka | dene kala ing nguni | duk dintên Jumuwah | kawone Pringgalaya |

--- 26 : 50 ---

saking Ambuh dènnya jurit | apan sang nata | wus pradandanan gingsir ||

90. saking pura malah kang para santana | lawan para bupati | sampun kadhawuhan | timbalaning narendra | apan sami angrêmbagi | yèn gumingsira | saking pura nrêpati ||

91. rêmbagira jêngkar saking Kartasura | Mataram kang dèn jogi | samana kang malang | Tumênggung Wirajaya | sangêt aturing nrêpati | lamun sang nata | kongsia tilar puri ||

92. pra santana dalêm dhuh gusti akathah | kados raka nrêpati | pan Kangjêng Pangeran | Ngabèi Loring Pasar | miwah rayi-rayi aji | kadya anyandhak | mêngsah Cina puniki ||

93. pan kadhahar aturè Ki Wirajaya | dadya sri narapati | wande jêngkarira | kala dintên Jumuwah | wasana Saptunirèki | mêngsah praptanya | tan ana ananggêni ||

94. sapunika mila sang natasmu duka | Wirajaya tumuli | matur ing narendra | yèn kadosa punika | ing karsa paduka gusti | gih kapanggiha | dhatêng kawula gusti ||

95. pan kawula warninipun kang mêthuka | mêngsah punika gusti | nanging abdi nata | pan têtiyang kaparak | kawula suwun narnati | kawula bêkta | amêthuk ing ajurit ||

96. ling sang nata lah iya sira adua | bocah kapêdhak aglis | umatur sandika | sira Ki Wirajaya | lan atur kawula malih | paduka nata | kula prênahkên gusti ||

97. wontên kidul dene ing badan kawula | kang mêdal êlèr gusti | lingira sang nata | iya sira mêtua | lan si bapa aywa têbih |

--- 26 : 51 ---

lawan Si Sura- | wiguna dèn anunggil ||

98. Dipayuda wus dangu dènira mêdal | Surawiguna nênggih | wus anuhun sira | ing wong gêdhong sadaya | sang nata angatag aglis | barênga mara | katêlu dèn anunggil ||

99. sigra mêdal Ki Tumênggung Wirajaya | myang Surawigunèki | Kyai Wirajaya | katiga praptèng jaba | sampun sami dèn prentahi | ingkang ambêkta | gêgamaning ajurit ||

100. Ki Wirajaya myang Ki Surawiguna | ing Pagêlaran prapti | wong gêdhong kaparak | saha gêgamanira | samana sampun ingirid | mring galedhegan | kilèn dènnya miranti ||

101. wadya gêdhong kaparak mawut tinunjang | mring kang kaplayu saking | kilèn asar-saran | Tumênggung Wirajaya | lawan Surawigunèki | kesah angetan | ngalèr Wirarêjangling ||

102. dhatêng pundi dika kakang Wirajaya | anak Suragunèki | ya ta saurira | arsa ngayomi kônca | sarwi lumayu tan nolih | apundirangan | wadyalit sampun gusis ||

103. sigra wau Ki Tumênggung Wirarêja | malêbèng pura aglis | praptèng palataran | tan kongsi atur sêmbah | gugup andangu sang aji | kapriye bapa | gonira mapag jurit ||

104. aturira Ki Tumênggung Wirarêja | tiyang kaparak gusis | pan pun Wirajaya | sapraptanirèng jaba | mlajêng ngalèr ngetan gêndring | kawula undang | gusti botên anolih ||

105. Kyai Wirarêja wus kinèn wangsula | mapaga mungsuh malih | apan kinanthenan |

--- 26 : 52 ---

Dipati Citrasoma | tumulya sang nata angling | mring Bangsantaka | lawan Bôngsapatrèki ||

106. age sira ing srimanganti mêtua | tatanên dèn abêcik | sakwèh kancanira | panandhon jagasura | gambuh lawan wong undhagi | wong sawojajar | banjarandhap ywa kari ||

107. suranata carik lawan namèngyuda | karaton gêdhe cilik | myang wong kadipatyan | Ki Bangsantaka enggal | wus mêdal ing srimanganti | sampun anata | ing wadya ingkang kèri ||

108. wus malêbêt Bangsantakatur uninga | marang ing sri bupati | pan sampun katata | abdi nata sadaya | angandika sang narpati | lah lêbokêna | bocah gamêl dèn aglis ||

109. Si Suranagara lawan jaran ingwang | kabèh lêbokna aglis | sampun katimbalan | gamêl Suranagara | kapal dalêm wus cumawis | myang kudanira | pangeran adipati ||

110. tan antara pun Sutamênggala prapta | Galempo kala alit | katanggung lênggahnya | prapta atur uninga | myang Ki Wirarêja sami | lan Citrasoma | wus manjing pura malih ||

111. atrurira wau Ki Sutamênggala | pukulun padukaji | mêngsah dalêm Cina | sampun cêlak lan pura | wontên kang angidul gusti | Ki Wirarêja | tansah nèng ngarsa aji ||

112. sri narendra jumênêng nèng palataran | sandhaping wulon nênggih | pra putra nèng ngarsa | saryasru angandika | baya wus karsaning Widi | kayapa bapa | karêpira sun tari ||

113. atur sêmbah Ki Tumênggung Wirarêja | matur sahawor [saha...]

--- 26 : 53 ---

[...wor] tangis | tan adarbe rena | gusti sumanggèng karsa | yèn paduka mêthuk jurit | inggih kawula | wontên ing ngarsa gusti ||

114. yèn paduka amuwêr kawula têngga | yèn lolos kula iring | nanging yèn paduka | gusti tilara pura | sumiwi dhatêng Matawis | pêjah gêsanga | cêlaka ing Magiri ||

163. Ingkang Sinuhun tilar kadhaton ing Kartasura badhe tindak dhatêng Magêtan

115. Dyan Kapitan Hogêndrop matur sang nata | pan sarwi abêbisik | yèn tiwas ing lampah | gusti luhung ngetana | malbèng loji Surawèsthi | anjog Samarang | apadangdananapadandanan. jurit ||

116. benjing gusti pinukul ing Kartasura | saking nagri Samawis | sampuning samakta | wau ingkang turôngga | wus sumaos munggèng ngarsi | namaning kuda | pun Wijayacapèki ||

117. wus kinapan sagung ingkang bêbrêkatan | pun Wijayacapèki | kêkambil kya brêkat | rêrahab Kyai Giwang | Kya Macanguguh kêndhali | wus munggèng kuda | pun Wijayacapèki ||

118. wontên malih kêkambil kang bêbrêkatan | Kyai Rêmêng namèki | wus munggwing turôngga | kang nama Endracapa | wontên kang turôngga malih | ran Gôndaprana | wus samakta kêkambil ||

119. apan nênêm kuda wus sumadyèng ngarsa | myang turangganirèki | pangran adiptya | kêkalih wus nèng ngarsa | sampun kinakapan sami | asru ngandika | wau sri narapati ||

120. hèh Katalah payo padha [pa...]

--- 26 : 54 ---

[...dha] budhalêna | bocah kang anèng ngarsi | mêtua paseban | kidul aywa pêpeka | lawan lor kuncinên aglis | sri naranata | nulya ngandika aris ||

121. dhatêng putra kangjêng pangeran dipatya | miwah mring putra èstri | lah thole dhingina | kalawan kakangira | samana sri narapati | nèng palataran | nuju ngagêm Kiyai ||

122. Sapujagat dumadak pêdhot kolongnya | runtuh tiba ing siti | pan kongsi kapidak | pinanggih mring Ki Jaya | sampun binêkta tumuli | nanging Ki Jaya | tan wruh lamun kiyai ||

123. panginangan kêkêba samak binêkta | mring panakawan alit | Jimus namanira | Jaya kang akèn bêkta | sigra pangeran dipati | wus nitih kuda | nama Gôndapranèki ||

124. ingkang rayi nama Ratu Madurêtna | miwah kang para rabi | kinèn anitiha | ing kuda sowang-sowang | Radèn Ayu Kilèn aglis | wus nitih kuda | biru ulêsirèki ||

125. pun Anila namanya ingkang turôngga | Ratu Madurêtnèki | panitihnya kuda | tansah kalorot sira | dene ingkang para rabi | ingkang tan bisa | nitih kuda anuli ||

126. sami dharat umiring dhatêng sang nata | tansah nèng wuri aji | sigra sri narendra | nulya mundhut turôngga | Wijayacapa namèki | ciri bêndana | ulêse dhawuk putih ||

127. samaktaa kakapan sarya brêkatan | gya sumaos ing ngarsi | sigra sang narendra | budhal saking jro pura | kuwur sagunging wadyalit |

--- 26 : 55 ---

supe gêgaman | astrakèh dèn punggêli ||

128. sri narendra pan maksih dharat kewala | tinangisan pra rabi | saha munggwing wuntat | miwah wong dalêm pura | kabèh gumêrah anangis | ambata rêbah | sêlir manggung kêkasih ||

129. tangisira asambat nambat narendra | pyuh angrês narapati | pan kadya ginubah | mirsa tangising garwa | nulya samya kinèn nitih | mring kuda enggal | aywakèh ngrêrubêdi ||

130. Radèn Ayu Kilèn wus munggwing turôngga | panitihe rumiyin | sigra lampahira | wus umung munggèng ngarsa- | nira pangeran dipati | sri naranata | wus mijil saking kori ||

131. praptanirèng pasowan ing pamagangan | lampahira narpati | wontên kang turôngga | katitihan pra garwa | ucul tiba kang anitih | lajêng lumaywa | mêdal datantuk margi ||

132. nulak wangsul lajêng ngamuk kang turôngga | nêmpuh wadya lumaris | dadya apuyêngan | karya rêmbêning lampah | sang nata asru derangling | kinèn ngrampoga | kuda ywa ngrêrubêdi ||

133. tinadhahan wontên waos kalih dasa | kuda anêmpuh wani | waos kalih dasa | rusak kuda tan pêjah | anulya dipun kathahi | ponang turôngga | nêmpuh malih wus mati ||

134. ri sampuning pêjah turôngga saksana | lampahira narpati | langkung kamandhungan | pasowan kidul prapta | samana sri narapati | satêdhakira | saking ing sitihinggil ||

135. kèndêl sakêdhap sang nata

--- 26 : 56 ---

mundhut kuda | pun Wijayacapèki | wus munggwing ing ngarsa | sinungakên saksana | waos agêming narpati | apan wasiyat | ran Palèrèt Kiyai ||

136. kang sinungan ingkang abdi Suranata | nanging ingkang nampèni | apan tan kantênan | sigra sang anarendra | sampun anitih turanggi | agya lampahnya | tansah lawan Kumpêni ||

137. jêng pangeran dipatya lumakyèng ngarsa- | nira kang rama aji | dening kang lumampah | ing ngarsanya pangeran | Dyan Ayu Kilèn anuli | mêdal saksana | ing galedhegan kori ||

138. Êmban Sutayuda ingkang munggwing ngarsa- | nira pangran dipati | apan kang minôngka | panganjuring lumampah | saksana mêdal rumiyin | agya lampahnya | jêng pangeran dipati ||

139. duk andungkap sajawining galedhegan | mêngsah Cina gya prapti | nanging tan akathah | saking kilèn praptanya | tan antara ambêdhili | mawut sadaya | ingkang mêdal kariyin ||

140. palayunya angidul wênèh angetan | Dyan Ayu Kilèn nênggih | ngidul palayunya | apan sampun atêbah | sêdya angêntosi gusti | Ki Sutayuda | nulya anandhang kanin ||

141. arsa malêbêt malih pan kapêpêtan | dadya lajêng siraglis | lumayu angetan | ngidul palajêngira | samana pangran dipati | kèndêl sakêdhap | anèng jawining kori ||

142. binêdhilan mring mungsuh Cina pangeran | dipatya was ningali | marang mêngsah Cina | binêdhil kalantaka | kang kinarya ambêdhili |

--- 26 : 57 ---

tinambêm pundhak | nanging pangran dipati ||

143. tan angraos ajrih salêbêting driya | kêbat wadyanirèki | mingêrakên enggal | kuda cinènèng awrat | pangran ngaturan tumuli | têdhak sing kuda | nulya ginendhong aglis ||

144. dening wadya gamêl aran Saratruna | wong saking ing Sanèpi | sigra jêng pangeran | wus nulak lampahira | manjing jro gledhegan malih | wus kinèn bêkta | mring kang rama mring puri ||

145. wus binêkta mire angalèr angetan | kangjêng pangran dipati | sigra sang narendra | masang angrampid lawang | galedhegan lan Kumpêni | datan atêbah | rumêksa ing narpati ||

146. dening wadyanira ingkang maksih sura | apan sampun akêdhik | munggwing ngarsa nata | samya kinèn bêdhila | mring mêngsah kang anèng jawi | kinèn apanggah | de mêngsah maksih kêdhik ||

147. nanging wadya alit tan kênèng ngabêna | mawut ngulari margi | wus supe gêgaman | mung sêdyarsa mêtua | nanging datan antuk margi | dadya puyêngan | tan wruh kawula gusti ||

148. pan akathah wadya mènèk pagêr bata | lantaran watangnèki | anjog mêdalira | pêksa arêbat gêsang | sigra ngatag sang narpati | mring wadyanira | wong sawojajar aglis ||

149. mung sakawan wong sawojajar kang sura | gya minggah balowarti | lan Ki Bangsantaka | Bôngsapatra rowangnya | dadya wong nênêm ambêdhil | mring mêngsah Cina | winalês saking jawi ||

150. wênèh mimisira êlong kang kinarya |

--- 26 : 58 ---

Cina dènnya ambêdhil | pan wong sawojajar | nênêm datan kuwawa | ambêdhil sing balowarti | sigra lumaywa | mudhun ngungsi narpati ||

151. galedhegan apan sampun inginêban | pan sinung wênga kêdhik | kinarya pirantyan- | nira malês nanjata | myang sêla-sêlaning kori | gènira mapan | Kumpêni dènnya bêdhil ||

152. ramya sarêng tumandang pambêdhilira | wontên Kumpêni siji | minggah ing palatar | pêksa ambêdhilana | prapta nginggil balowarti | wor mirising tyas | mengo dènira bêdhil ||

153. gya lumajar mudhun wus nunggil rowangnya | rawuh tumut bêdhili | mring kang mêngsah Cina | wau kang binêdhilan | mundur sakêdhap gingsiri | mimis Walônda | mangsah malih angungkih ||

154. malês bêdhil saking jawi galedhegan | adrês mimisirèki | bêdhile wong Cina | sawênèh kalantaka | myang êlong mimisirèki | Ondrop Kapitan | misih suratan gingsir ||

155. nanging wadya prajuritira sang nata | tiningalan wus gusis | mring Ondrop Kapitan | dadya ngrês manahira | myang wong Cina drês ambêdhil | mung Wirarêja | tansah rumêksèng aji ||

156. Kapitan Hogêndrop suda suranira | mulat ing wadya gusis | kang rumêksèng nata | mung kantun Wirarêja | Bangsantaka lawan ari | Ki Bôngsapatra | kancane kantun kêdhik ||

157. mung pun Galempo aran Sutamênggala | wontên malih ta abdi | ran pun Martajiwa | magang wong

--- 26 : 59 ---

jagasura | têtêgal kalawan malih | Suranagara | gamêlira narpati ||

158. panakawan kandêl awasta pun Jaya | myang panakawan alit | Bêsar Timus Tajang | Sutagati panêgar | panèkêt gêdhong satunggil | têngên awasta | garembyang Wôngsagati ||

159. lan wakiling kaparak têngên satunggal | wasta Wiratakèki | de kang winakilan | aran Ki Ragisuta | prênah kaponakannèki | nênggih pun Jaya | darbe kanthi kêkalih ||

160. kang satunggal apan ta kaprênah uwa | ran Wôngsamênggalèki | satunggale paman | aran pun Trunawôngsa | Ki Bôngsapatra satunggil | pan magangira | Wôngsajaya namèki ||

161. wirarêja wadyanya maksih tut wuntat | apan santana sami | saha gêgamannya | kang rumêksa sang nata | lyan punika sampun gusis | tan kêni ngampah | dadya Kumpêni miris ||

162. Kapitan Hogêndorop ical suranya | mulat ing rowang kêdhik | kang rumêksèng nata | sigra mundur sirenggal | kapitan sawadyanèki | wus munggwing kuda | anèng ngarsa narpati ||

163. gya cinandhak kang asta sri naranata | samya munggwing turanggi | mring Hondrop Kapitan | pan sangêt ingaturan | mundur sang sri narapati | ginèndèng wadya | ngalèr ngetan siraglis ||

164. tan kawarna polahe wadya puyêngan | kang datan antuk margi | wau sri narendra | supe dhatêng atmaja | sakêdhap de kasêsaning | lêbêting Cina | nyana putra nèng ngarsi ||

--- 26 : 60 ---

165. salêbêtira wong Cina galedhegan | ningali ngalèr sêpi | dupi mulat nganan | ningali wong akathah | anulya dipun bêdhili | saking kadohan | arang dènira bêdhil ||

166. pinrih kawuse kewala kang lumaywa | dadya wadya narpati | kang tanpolih lawan | kathah bucal gêgaman | ing kori pipit-pinipit | sri naranata | tan kandhêg lampahnèki ||

167. sigra manjing ing kori alit sang nata | kang maring kêbon aglis | wetan pagrêbongan | tilasing pawowongan | praptèng kêbon sri bupati | ningali lawang- | ira Ki Rajaniti ||

168. panakawan pun Jamus kawratan bêkta | panginangan narpati | tan kêkêba samak | pan sampun ginêntenan | mring Ki Wôngsajaya aglis | wau sang nata | gènnya ningali kori ||

169. tilasipun kori sampun pinêjahan | karsanira narpati | kinèn ambubraha | arsa kinarya marga | Bangsantaka matur aris | yèn kabubraha | punika dangu gusti ||

170. luhung lajênga ngetan gusti ing ngrika | wontên banon narpati | inggih sampun rêbah | tan wontên pakèwêdnya | pinggir urung-urung warih | gampil nginggahan | jawining sêdhah rami ||

171. sigra lajêng mangetan malih sang nata | wau pangran dipati | kantun mring kang rama | dangu arêbat lawang | saking pamêksaning dasih | ingkang ambêkta | binêkta dêdêl wani ||

172. dhatênging wadya ingkang arêbat lawang | samana sampun manjing |

--- 26 : 61 ---

pangran jroning lawang | nulya binêkta enggal | nututi lampah narpati | kang kawarnaa | wau sri narapati ||

173. salajênge angetan ing lampahira | tan adangu wus prapti | gèning banon rêbah | tan antara gya minggah | wadyalit ngarsa wus mijil | Ki Wirarêja | nulya mêdal kariyin ||

174. praptèng jawi jagèni wiyos sang nata | sigra kuda narpati | kinêtab saksana | ingangkatakên minggah | ing banon rêbah anuli | kongsi ping tiga | pangêtab sang narpati ||

175. duk lumangkah ing tunggak banon kang kuda | tan sagêd majêng malih | anêngahi bata | lajêng pêjah kang kuda | sigra têdak sri bupati | saking ing kuda | jinaga ing Kumpêni ||

176. Kapitan Hogêndorop ingkang anjaga | ingkang asta narpati | ginèndèng saksana | marang Hondrop Kapitan | winêdalakên mring jawi | Ki Wirarêja | kêbatira nampèni ||

177. sapraptaning sang nata jawining bata | kapitan datan kèri | sigra wong Walônda | sampun mêdal sadaya | Litnan Nugu wis tan kari | topiyo ilang | nyandhak topiyo malih ||

178. topiyoning Sarani ingkang inganggya | Tolomondo jru tulis | tan kantun wus mêdal | Jaya lan Bôngsapatra | nèng wingking sarêng umijil | Ki Bangsantaka | wêdalira nututi ||

179. praptèng jaba sampun umangkat sang nata | dharat lampah narpati | sapraptaning marga | agêng ningali Cina | saking margi kilèn nênggih | lampahnya ngetan |

--- 26 : 62 ---

anulya rèrèn sami ||

180. anèng Wirakancanan dènnya ararywan | lampahira narpati | sampun ingaturan | manjinga ing pemahan | sang nata lampahnya aglis | manjing pemahan | wau nulya kapanggih ||

181. Êmbanira Nyai Garon kang anama | tandhu kang dèn titihi | sang nata ngandika | mring êmban Garon sira | biyung mudhuna tumuli | lan tandhunira | sun titihane aglis ||

182. kagyat mulat êmban Garon wruh sang nata | sigra mudhun tumuli | saking tandhunira | ana kang panakawan | tandange abriga-brigi | arsa ngamuka | tan wruh lamun sang aji ||

183. êmban Garon asru ngampah kaponakan | srêngên dènira angling | hèh pagene sira | mêngkono polahira | iyèku gustinirèki | sri naranata | kang ngabdèkkên sirèki ||

184. kaponakan sangêt ajrih amiyarsa | ing srêngêne kang bibi | gya sumingkir sira | ngaduwung polahira | nyai nyagakakênnjagakakên. aglis | nanging tandhunya | tan kongsi dèn titihi ||

185. kasêlak prapta kuda saking kapitan | ulêse dhawuk putih | kuda sing sang nata | nulyage tinitihan | sang nata mangkat saryangling | hèh biyung sira | ayo milua mami ||

186. êmban Garon sandika ing aturira | nanging datan sayêkti | sawingking narendra | lajêng ing lampahira | ngulari paran pribadi | sri naranata | tan kandhêg lampahnyaglis ||

187. lèring kawi rara gèn mangetanira |

--- 26 : 63 ---

lampahira narpati | anjog Makamdawa | wau kang kawarnaa | kangjêng pangeran dipati | kantun lan rama | dangu ngulari margi ||

188. turôngga dalêm pêjah mêpêti marga | gya binêkta angèri | dhatêng wadyanira | samana antuk marga | sapraptanira ing jawi | nglorod busana | lancingan ingkang kari ||

189. pamrihing wadya mila ngrucat busana | manawana udani | ywa wruh yèn pangeran | nadyan anaa wikan | dinugaa yèn wong cilik | dening wadyanya | gangsal kathahirèki ||

190. punika kang sarêng umiring sing pura | Ônggayuda namèki | lan Ki Nartawôngsa | katiga Patradita | sakawan Sêtratrunèki | sagung salira | Wirasuta namèki ||

191. wontên malih wadya ingkang saking pura | apan mêdal rumiyin | sarêng lan sang nata | sapraptanirèng jaba | gusti tan wontên kaèksi | ngantosi marga | Singapadu namèki ||

192. sakantune lancingan kangjêng pangeran | nulya ginendhong aglis | mring Ki Patradita | ingiring wong sakawan | praptèng lêlurung kapanggih | Ki Singapadya | dadya nênêm wadyèki ||

193. duk anèng lêlurung pan wontên katingal | prênah kidulirèki | wingwong. Wirakancanan | wontên têtiyang Cina | kalih dasa winatawis | samya ararywan | kang têtiga murugi ||

194. amung ingkang kêkalih bêkta sanjata | cêlak sigra ambêdhil | ya ta jêng pangeran | kasrèmpèt mimis sira | anuju kang jôngga iring | rema kang rantas | nanging tan miyatani ||

--- 26 : 64 ---

195. gya binêkta manjing malêbêt pemahan | kawirara gèn aglis | nanging jêng pangeran | kaladuk kasênjata | samana gya narik kêris | Kyai Baruwang | mila gya narik kêris ||

196. yitnanira pangran manawa tinilar | maring abdinirèki | kang anggendhong ika | agya ing lampahira | pagêr banon angalingi | kêkalonthongan | sampun binêdhah aglis ||

197. sigra lajêng angetan ing lampahira | jaro ingkang ngalingi | anulya binêdhah | ingkang darbe pomahan | Suradiwôngsa namèki | sapraptanira | mlêbêt pomahan nuli ||

198. jêng pangeran ingaturan nyarungêna | ing kagunganirèki | dhuwung kang liniga | kang nama kya Baruwang | mila ngaturan tumuli | anyarungêna | aturira kang abdi ||

199. mila kawulaturi anyarungêna | dhuwung paduka gusti | èwêd gèn lumampah | yèn taksih alêligan | de abdi kabèh puniki | tan wontên nêdya | atilara ing gusti ||

200. upami gusti wontên tiwasing lampah | wadya kabèh puniki | pan pêjah sadaya | tan wontên nêdya gêsang | pangran dupi amiyarsi | aturing wadya | gya sinarungkên aglis ||

201. Ki Baruwang sampuning manjing sarungan | agya lampahirèki | tan kandhêg angetan | tansah nusup pemahan | mêdal ing lêlurung malih | ing pararaban | lajêng angetan malih ||

202. kang anggendhong ginantyan Ki Kartawôngsa | lampahira nulyaglis | lêpas lampahira |

--- 26 : 65 ---

wadya nênêm tan pisah | lampahnya pangran dipati | ing Makamdawa | ika kang dipun jogi ||

203. kang anggendhong agantya Ki Ônggayuda | ginêlak lampahnèki | sêdya nututana | ing lampahe kang rama | nanging dèrèng anututi | ing lampahira | kang gendhong ganti-gatti ||ganti.

204. jêngkarira sang nata saking jro pura | Sêtu Wage dinèki | wanci lingsir kilyan | tanggal pitu likurnya | ing sasi Rabingulakir | Alip kang warsa | apan dèn sêngkalani ||

205. gunung obah rêtuning wong sri narendra |Sengkalan: gunung obah rêtuning wong sri narendra (1667 A.J., 1742/1743 A.D.). angidul ngetan malih | saking Makamdawa | prapta ing ara-ara | punika kang darbe bumi | araning desa | ing Karangasêm nagri ||

206. prênahira kidul wetan Pasadhakan | sang nata rarywan sami | ngandhap asêm ika | andangu ingkang putra | wadya matur tan apanggih | raos tyas nata | tan wontên kang kinanthi ||

207. Kinanthi

1. kawarnaa sang aprabu | kèndêl Karangasêm nênggih | andangu pangran dipatya | ana ngêndi putra mami | wadya matur ting kadandap | ing wau wontên ing wingking ||

2. mangke tan wontên kadulu | kumênyut tyasing narpati | sarywa ngingêrkên turôngga | ngandika lah payo bali | padha ngrêbut putranira | Hondrop sira aywa kari ||

3. lah payo sawadyaningsun | anapa ing ngarsa mami | kaya ngapa solah ingwang | yèn tan karêbuta nuli | putraningsun mung sajuga | ingkang dadi woting ati ||

4. Ki Wirarêja gya rawuh | ing wau

--- 26 : 66 ---

lumakwèng wuri | sapraptanira ing ngarsa | sang nata asru derangling | bapa kayaparan sira | dening putraningsun kari ||

5. saryandik pasuryanipun | kang jaja lir mêtu agni | asru pangandikanira | iya mulaningsun mijil | atilar ing puraningwang | sutaningsun lanang siji ||

6. iya ingkang ingsun rêbut | kang sun ungsèkakên urip | mangkya têmah tan katingal | miwah putraningsun èstri | apadeningapadene. rabiningwang | myang ibu tan ingsun tolih ||

7. iya amung sutaningsun | lanang siji sun belani | ing mangkya uga kantuna | alah payo padha bali | apa gawe lumayua | lêng lêbur arêbut puri ||

8. samana Kapitan Hogu- | dorop matur ngasih-asih | dipun rêrêm ingkang karsa | sampun age bêndu gusti | supami gusti wangsula | satêmah alêbu gêni ||

9. dening putra sang aprabu | kawula kang angulari | tan adangu jêng pangeran | anulya wau kaèksi | mêdal saking ing pemahan | ginendhong dening kang abdi ||

10. dupi kang putra kaduru | asrêp tyasirèng narpati | lir agrah manggih usada | sang nata gya amurugi | sarya angawe kang asta | kang putra gya praptèng ngarsi ||

11. saking gendhongan tumurun | kang putra rinangkul aglis | ingêmban kinuswa-kuswa | mring rama asêmu tangis | kayaparan polahira | sira pisah lawan mami ||

12. kang putra aris umatur | ngaturkên polahing nguni | inggih kula wau rama |

--- 26 : 67 ---

sawêdal kula sing puri | wong Cina bêdhil kawula | duk wontên lêlurung mami ||

13. inggih mimisipun langkung | cêlak jônggaji ring mami | malah rema kula rantas | nanging tan karaos mami | lamun rema kula rantas | sêlak kula salah tampi ||

14. tampi kula salahipun | manawi rencang pribadi | atilar dhatêng kawula | kang anggendhong kula nguni | anuntên dhuwung kawula | Ki Baruwang kula tarik ||

15. manah kula yitnanipun | samôngsa tilara mami | kang anggendhong mring kawula | anuntên kula larihi | nuntên kula amuk pisan | kabèh sampun wontên urip ||

16. nanging rama botên dangu | gèn kula angliga kêris | sarêng nusup ing pemahan | kula sarungakên malih | sampun sakeca ing manah | sang nata ngungun tan sipi ||

17. asmu luh sarya andangu | ing putra èstri kang kari | anèng êndi kakangira | lawan arinira gusti | pangran matur tan uninga | sang nata tyas lir jinait ||

18. sarya angandika asru | marang Ki Wirarêjèki | hèh bapa kayapa sira | dening putraningsun èstri | miwah ibu garwaningwang | padha kari nèng jro puri ||

19. lah payo padha rinêbut | saananing wadya mami | Si Hondrop kang nindhihana | lan saananing Kumpêni | saksana nuli katingal | kumêlun kukusing agni ||

20. wus dinuga yèn kadhatun | kumêlun ingkang binêsmi | tumulya Ki Wirarêja | asru matur ing narpati | punapatur pêjah gêsang | yèn ingabêna

--- 26 : 68 ---

ing jurit ||

21. angrêbata ingkang kantun | sampun karaos ing galih | abdi paduka sapala | lan sampun ical kang galih | amêsthi botên kuwawa | dadya sulung lêbu agni ||

22. dhuh gusti atur kulasru | mênggah putra èstri kari | miwah ibu para graha | môngsa nêmahana pati | lêhêng gusti amapana | nglêmpakêna wadya malih ||

23. lan winangsula pukulun | ginitik Kartasurèki | sang nata rèrèh ing karsa | saksana lajêng lumaris | wus mangkat ing lampahira | pêpungun tyas lir jinait ||

24. kathah karaosing kalbu | putra èstri samya kèri | myang ibu lan para graha | miwah sakwèhing kêkasih | samya kantun jroning pura | lir winêjak tyas narpati ||

25. angunandika ing kalbu | baya dêdukaning Widi | iki kang têka maringwang | kayaparan gèn nyinggahi | yèn wus pasthi karsaning Hyang | liwat nistha wirang mami ||

26. anggung ingkang waspa dhawuh | tinênggak-tênggak samargi | samana wus ingaturan | mring wadya miwah Kumpêni | lumampah ngalor angetan | Pakudusan kang dèn jogi ||

27. nêdyanjog ing margi agung | Ki Wirarêja tinuding | rumêksa lumakwèng wuntat | munggèng lèr wetan kapering | tan kandhêg ing lampahira | wus lêpas ing Windan prapti ||

28. lajêng angetan sang prabu | pêpak wadya kang angiring | kang sami trêsna sang nata | punika kang datan kari | dening kang lumakwèng ngarsa | Bangsantaka lawan ari ||

29. myang Ki Sutamênggalèku |

--- 26 : 69 ---

Galempo kala duk alit | gamêl Dyan Suranagara | lawan Ki Purbajayèki | ipene Dyan Wiratmêja | ing Pathi kalawan malih ||

30. pun Tarunawijayèku | lan Naladirja Garêsik | lan malih Ki Kartatruna | panakawan namakèkinamanèki. | pun Jaya lawan pun Tajang | Bêsar Jimus datan kari ||

31. lan malih panêgaripun | awasta pun Sutagati | Wôngsapati ing Garembyang | Wirantaka datan kari | wontêndene abdinira | kangjêng pangeran dipati ||

32. akathah kang sami tumut | êmban Sêmôngka tan kèri | dene kang lumakwèng wuntat | kang rumêksa sang narpati | tan lyana Ki Wirarêja | saha santananya ngiring ||

33. Nayamênggala tan kantun | Gobès namane duk alit | ya ta lampahe sang nata | kalih atus winatawis | sang nata malih ngandika | macapat padha nèng êndi ||

34. kaya Si Wirajayèku | lawan Si Natayudèki | miwah Si Surawiguna | ing mêngko padha nèng êndi | Wirarêja aturira | kawula nuhun narpati ||

35. mênggah abdi sang aprabu | macapat puniku gusti | sami botên wontên layak | yèn wontên jênêng narpati | mantuk malih sri narendra | tan layak ngabdèkna malih ||

36. pun Wirajaya karuhun | duk mijil saking jro puri | sagahe kaliwat-liwat | ananglêti ing ajurit | dupi mijil sing jro pura | lajêng lumaywa anggêndring ||

37. sarencangipun lumayu | tan wontên tolih ing wuri | galedhegan kang lèr wetan | punika

--- 26 : 70 ---

kang dèn wêdali | tiyang layak sinudukan | tan layak yèn tinaliti ||

38. Ki Wirarêjaris muwus | marang Ki Wangsantakèki | lah wus katog iki anak | tan wontên nusul wong malih | kadi punapa pênêdnya | sang nata andangu kang ling ||

39. apa bapa sira wuwus | Wirarêja matur aris | abdi paduka sang nata | kang kantun kula raosi | de sampun katog punika | tan wontên kang nusul malih ||

40. saksana nulya kadulu | têtunon sajroning puri | miwah sajawining pura | wisma kang sami kabêsmi | anggamêng kukus katingal | amimbuhi ing wiyadi ||

41. Ki Wirarêja turipun | mring nata gusti suwawi | kawulaturi umangkat | amapan kang ragi têbih | sang nata sigra umangkat | sing Pajang lumampah aris ||

42. wus angambah margi agung | angetan lampahirèki | praptèng dhusun ing Lawiyan | wetan pêkên margi sungil | pakèwêd jêblog ing marga | titihan kuda narpati ||

43. ngarèkèl minggah angidul | nyinggahi jêbloging margi | sigra têdhak sri narendra | adharat lampah narpati | jinagan dhatêng kapitan | sang nata wus nitih malih ||

44. lajêng lampahe sang prabu | ing Adiwarna mèh prapti | kinintên ing Adiwarna | wontên Cina têngga kori | Kumpêni sami prayitna | sadaya ngisèni bêdhil ||

45. kumpêni sadaya purun | lampahira angriyini | dupi dhatêng Adiwarna | tan wontên Cina satunggil | amung wong Jawa kewala | kang

--- 26 : 71 ---

panggih anèng kori ||Kurang satu suku kata: kang kapanggih anèng kori.

46. sigra lampahnya lêstantun | sang nata tan sônggarunggi | lumampah ngalèr angetan | mêdal saêlèring kori | sigra matur Wirarêja | dhumatêng sri narapati ||

47. inggih gusti sang aprabu | padukarsa dhatêng pundi | de punika ngalèr ngetan | ing pundi kasêdyèng galih | sang nata aris ngandika | sun arsa mring Surawèsthi ||

48. iku kang yogya sun jujug | kaya kawawa sun ungsi | Wirarêja aturira | dhuh gusti bilih suwawi | kalawan karsa sang nata | ing atur kawula gusti ||

49. yèn sêmbada karsa prabu | lêhêng dhatênga Matawis | milanipun sapunika | dening sagung wadya aji | lorogipun mring Mataram | sadaya gènipun ngungsi ||

50. miwah pra santana prabu | lumorog dhatêng Matawis | bilih punika kenginga | wadya kinumpulna malih | ingabêna ing ayuda | rêrêmpon cêlak Magiri ||

51. angandika sang aprabu | hèh iya Wirarêjèki | pan wong Jawa iki uga | iya ing watara mami | mêngko manèh yèn iyaa | wus lunga têka ing panti ||

52. pêpacakane rumuhun | duk maksih têtêp nèng panti | tur akundhang yayah rena | sun têtêp anèng jro puri | parandene nora kêna | sun abitakên ngajurit ||

53. Wirarêja aturipun | inggih sumôngga karsaji | punapa gusti ing karsa | kawula dhatêng umiring | nanging ing atur kawula | paduka kula aturi ||

54. ing lampah mêdala kidul | yèn sêmbada karsa aji | anabrang ing Paserenan |

--- 26 : 72 ---

nadyan rêrêpa prayogi | mila gusti sapunika | de rencang puniku kêdhik ||

55. ingkang umiring sang prabu | adat nisthanipun gusti | mênggah ing lampah paduka | dados pandugining alit | nadyan atilara pura | mênggah ing lampah narpati ||

56. utami kathah kang tumut | tan wontên sangsayèng margi | singa kang kinarsakêna | tan wontên sumêlang galih | dening pandugi kawula | ing lampah paduka aji ||

57. samôngsa sang nata rawuh | rêrêp Paserenan benjing | pasthi abdi sri narendra | akathah ingkang kapanggih | sanadyan pun Wirajaya | kados kapanggih ing benjing ||

58. de cêlak panggenanipun | Wirajaya dènnya ngungsi | tan wontên lyan dèn ungsia | lyan pun Kêdhunggudèl gusti | yèn jamak-jamak manungsa | punika pasthi umiring ||

59. benjang yèn wus kathah batur | sumôngga karsa sang aji | ya ta sang nata andhahar | aturing Wirajayèki | sigra lampahe sang nata | prapta sawetaning kori ||

60. anulya menggok mangidul | nabrang lèpèn Jênês aglis | Kadhiwêkan raning desa | praptanirèng kidul kali | anulya wontên katingal | rantab-rantab wong lumaris ||

61. angetan ing lampahipun | ing Babad gènnya kaèksi | tan kandhêg lumampah ngetan | dening lampahnya sang aji | tan kandêg ngidul angetan | dhusun Pagêdhangan prapti ||

62. wau ing sarawuhipun | anuntên sami kapanggih | kang rantab-rantab katingal |

--- 26 : 73 ---

nèng babad kang ngetan sami | punika pun Sôntayuda | ing Cêngkalsèwu rumiyin ||

63. mila ngetan lampahipun | sêdya anututi gusti | aran Radèn Wôngsatruna | lan jrubasa Sêcapati | Kandhuruan ing Pacitan | sêdya samya nusul gusti ||

64. apan sarêng praptanipun | wus katur ngandikan sami | wontên dhusun Pagêdhangan | nulya gusti angujungi | wus tinarima lampahnya | dhumatêng sri narapati ||

65. dènnya arêrêb adangu | lampahira sang narpati | anèng dhusun Pagêdhangan | nulya ngandika sang aji | apa uwis aso padha | lah payo padha lumaris ||

66. anulya umangkat gupuh | wau sang sri narapati | saking dhusun Pagêdhangan | ngidul ngetan lampahnèki | tan kandhêg ing lampahira | ing Pamanggaran mèh prapti ||

67. anuntên wau andulu | ing ngarsa tiyang lumaris | akathah kang kêkapalan | wênèh dharat kang umiring | sang nata pêrak ing lampah | dadya was dènnya ningali ||

68. lamun Dyan Mangunjayèku | kang lumampah anèng ngarsi | lawan Radèn Sumaningrat | nanging wus nabrang rumiyin | apan wus datan katingal | amung Dyan Mangunjayèki ||

69. wau ta ingkang kadulu | lagya mêntas sing banawi | sapraptaning sabrang wetan | Dyan Mangunjaya udani | kalamun sri naranata | kang lumampah anèng wingking ||

70. dadya kèndêl lampahipun | Dyan Mangunjaya ngêntosi | dening Ki Puspakusuma | maksih nèng kilèn banawi | lampahe dèrèng [dè...]

--- 26 : 74 ---

[...rèng] anabrang | kasêlak sang nata prapti ||

71. Puspakusumawas dulu | lamun sang nata kang prapti | sigra mudhun saking kuda | lumaywa nulya nungkêmi | ing padanira sang nata | saha sambat sarya nangis ||

72. ri sampun nungkêmi suku | matur Puspakusumèki | atutur ing polahira | duk aprang nèng Têras nguni | yèn mêsahiramêngsahira. wong Cina | gangsal Cina ingkang mati ||

73. Puspakusuma atutur | prangnya wong Kartasurèki | tiwase mêngsah wong Cina | sang nata ngungun ing galih | aris dènira ngandika | wus aywa sira rasani ||

74. lah payo padha lumaku | sang nata andangu malih | êndi desa Paserenan | tuduhe si bapa nguni | agya umatur kang wadya | dhuh gusti inggih ing nginggil ||

75. apan prênahipun kidul | atêbih saking ing ngriki | sang nata aris ngandika | maring Ki Wirarêjèki | lah bapa kayapa sira | de kaliru laku iki ||

76. Ki Wirarêjaris matur | sumôngga ing karsa aji | de punika sampun têbah | kalangkung ing lampah gusti | sang nata aris ngandika | wus kinapakêna gusti ||

77. iki ngêndi aranipun | desa kang pinggir banawi | inggih gusti Pamanggaran | aturing kawula alit | lah bapa sira mundhuta | parau kang sun titihi ||

78. sigra sinaosan sampun | baita dhatêng wong bumi | awasta Ki Wirayuda | bêbêkêl kang anaosi | wanci saandhaping asar | panabrangira narpati ||

79. wus tumêdhak mring parau |

--- 26 : 75 ---

sang nata nabrang siraglis | tan kantun sawadyanira | tansah lan pangran dipati | Kumpêni saha rumêksa | sadaya wus nabrang kali ||

80. dene ing panabrangipun | wangsul ping sakawan nênggih | baitanipun sagangsal | sawarninya agêng alit | ri sampunira anabrang | praptaning wetan banawi ||

81. kagyat ing tyas duk andulu | sang nata wong rèrèn sami | kidul kilèn prênahira | wontên sakilèn banawi | atarap sami ararywan | saha sarwi songsong putih ||

82. wus kinèn mariksa wau | gya lumampah kang tinuding | tan adangu wangsul enggal | wus umatur yèn kang rayi | Jêng Pangeran Buminata | kang rèrèn punika sami ||

83. karsanira sang aprabu | kinèn nimbali anunggil | kang dinuta lagya mangkat | kang rèrèn wruh yèn sang aji | nulya age sami budhal | ngidul ngilèn lampahnèki ||

84. angesahi mring sang prabu | tan nêdya nunggala kapti | kang dinuta wangsul enggal | tan kongsi nabrang banawi | mila lampahe sang nata | tan malang tumolih ari ||

85. lajêng umangkat sang prabu | ing kilèn Langsur duk prapti | andangu Ki Wirarêja | si bapa ana ing êndi | aturira kang liningan | inggih gusti wontên wingking ||

86. tan kandhêg ing lampahipun | ing wau sri narapati | ing Langsur sampun kalintang | kadalon ing lampahnèki | amung pangeran dipatya | ingkang datan kenging têbih ||

87. winatawis wancinipun | langkung ing

--- 26 : 76 ---

waktu magêrib | sigra nuli masanggrahan | desa ing Tarajukuning | kang tansah ingantos sira | Ki Wirarêja nèng wingking ||

88. ingantos dangu tan rawuh | samana sri narapati | anulya asêsarean | andangu kêkapanèki | arsa kinarya akajang | sirah kathah angaturi ||

89. yèn awon ing tangtonipun | gusti lêhêng Kyai Gondhil | kinarya akajang sirah | tan awalêr sangkêr malih | sang nata wus sêsarean | kajang sirah Kyai Gondhil ||

90. ing wayah pan sampun dalu | mèh prapta ing sirêp janmi | Ki Wirarêja praptanya | pasanggrahan Trajukuning | ya ta sampun ingandikan | sapraptane ngarsa aji ||

91. sang nata aris andangu | apa mulanira kari | Wirarêja aturira | yèn amarêngêna gusti | ngrêrangu abdi paduka | pun biyung kula antosi ||

92. mila kawula ngrêrangu | pun biyung kawula dugi | anusul dhatêng kawula | pun biyung praptaa gusti | aluhung gusti wontêna | kang ngratêngi dhahar gusti ||

93. sang nata malih andangu | lah apa si biyung prapti | Wirarêja aturira | inggih botên wontên prapti | gusti mila kula tilar | sampun antawis tan prapti ||

94. sang nata aris amuwus | hèh paman Mangunjayèki | pira dohe Sêmêdhangan | paman têka kene iki | Mangunjaya aturira | kalih onjotan sing ngriki ||

95. anulya wau angrungu | swaraning kapal kêkirig | dèn nyana sanjata munya | obah kang

--- 26 : 77 ---

wadya narpati | anulya Ki Wirarêja | umatur dhatêng narpati ||

96. atur kawula pukulun | yèn sêmbada lan karsaji | aluhung nuntên mangkata | mupung taksih wêtah dasih | gusti yèn ngantosa siyang | kadya wadya têlas ngriki ||

97. lêng umangkata sang prabu | ing pundi kasêdyèng galih | kawula dhatêng sumôngga | sang nata sigra dènnyangling | iya bapa lah dandana | ingsun nuli mangkat aglis ||

98. maring Sêmêdhangan ingsun | sigra sami dandan aglis | tan antara nulya mangkat | wancinipun lingsir wêngi | dening Radèn Mangunjaya | nèng ngarsa tan kêna têbih ||

99. samana duk angkatipun | saking desa Trajukuning | ngidul ngetan lampahira | anulya prapta ing kali | ponang lèpèn pinariksa | anuju kêdhungirèki ||

100. anulya wontên umatur | punika pan dede margi | kêdhung kang lèpèn punika | agya samya mundur aglis | cinêluk Dyan Mangunjaya | myang Bangsantaka tumuli ||

101. hèh Radèn Mangunjayèku | punapa dika puniki | têka nasarakên marga | Mangunjaya anauri | bingung manira ki anak | Bangsantaka lingirèki ||

102. nêdha pundi marginipun | kang bênêr ngambah puniki | saksana Dyan Mangunjaya | têdah marga lêrês aglis | nulya mênggok ngalèr ngetan | gya angidul ngetan malih ||

103. tan adangu nulya rawuh | dhusun Sêmêdhangan enjing | wancinipun byar raina | wau sang sri narapati | jumênêng madyaning natar | ingayap dening kang abdi ||

--- 26 : 78 ---

104. wadya kang sawênèhipun | ana bubrah gêdhèg aglis | pan kinarya palênggahan | gêdhèg wus tinata sami | sigra sinungan kalasa | nulya pinarak sang aji ||

105. kalayan sang rajasunu | sarêng alênggah sinandhing | sang nata mundhut pawohan | wus sinaosakên aglis | dene kang abdi sadaya | dahat sayahipun sami ||

106. ana saluku alungguh | wênèh timpuh dènnya linggih | sang nata aris ngandika | mring Radèn Mangunjayèki | ana ngêndi kakangira | paman Sumaningrat iki ||

107. Mangunjaya aris matur | pun paman dawêg asakit | sumingkir nèng padhusunan | sang nata ngandika aris | lah têka sira undanga | ingsun arsa apêpanggih ||

108. de nora kêlar lumaku | tandhunên dipun aririh | ngong arsa têmu sadhela | Mangunjaya turirèki | sandika lumampah enggal | sampunnya mangkana nuli ||

109. sigra angupados sêkul | Bangsantaka nuli olih | sarta lan ulame pisan | pêpanggang ayam satunggil | lombok kadhêle lan uyah | lan êndhog sakawan malih ||

110. wus katur dhatêng sang prabu | sigra kinèn andum aglis | dhatêng kang abdi sadaya | miwah kang wadya Kumpêni | ri sampunnya sami nadhah | nulya Mangunjaya prapti ||

111. sapraptaning ngarsa prabu | Mangunjaya aturnèki | pun paman Kusumaningrat | sampun katimbalan gusti | nanging sangêt nuhun duka | dene sangête kang sakit ||

112. tan sagêd kawula tandhu |

--- 26 : 79 ---

pangandikanya sang aji | lah têka pêksanên paman | sadhela bae mariki | sun arsa têmu sadhela | Mangunjaya matur aris ||

113. inggih kawula kalangkung | pamêksa kawula gusti | apan tan sagêd pun paman | mudhun saking ambèn gusti | nulya kèndêl sri narendra | angartika jroning galih ||

114. ora kaya yèn sun gugu | ewuh têmên ing aurip | datan kêna ginugonan | kabêcikan dhingin-dhingin | nanging tan kêna winora | watêke wong siji-siji ||

115. kaya iki yèn sun gugu | pêcak kaya jênêng mami | prapta ing wismane iya | sun timbali datan prapti | Wirarêja aturira | dene raosipun gusti ||

116. lan abdi paduka prabu | punika sampun akêdhik | kalawan pun Wôngsatruna | kalihan pun Sêcapati | angantun kala paduka | budhal saking Trajukuning ||

Lajêng nyandhak jilid: 27.

--- 26 : [0] ---

Isinipun

159. Wadyabala Kartasura campuh kalihan wadyabala Cina wontên ing Dêmak. (Durma, AsmaradaAsmaradana. ). ... kaca 3

160. Patih Natakusuma kadukan dhatêng Ingkang Sinuhun, dipun cêpêng dening Kumpêni wontên Samarang. (Asmaradana, Kinanthi). ... kaca 17

161. Prajurit Kartasura sami kasoran yudanipun mêngsah prajurit Cina. (Kinanthi, Pangkur, Durma). ... kaca 32

162. Ingkang Sinuhun ing Kartasura nyarirani piyambak badhe mapagakên prajurit Cina. (Durma). ... kaca 47

163. Ingkang Sinuhun tilar kadhaton ing Kartasura badhe tindak dhatêng Magêtan. (Durma, Kinanthi). ... kaca 53