Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  17. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  18. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  19. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  20. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  21. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  22. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  23. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  24. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  25. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  26. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  27. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  28. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  29. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  30. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  31. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939-41, #1024 (Jilid 31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

Regi f 0.50

Babad Tanah Jawi

Jilid: 27

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm

--- 27 : [1] ---

Serie No. 1289z

Babad Tanah Jawi

Jilid: 27

Prabu Kuning ngadhaton ing Kartasura

Bale Pustaka - Batawi Sèntrêm - 1941

--- 27 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 27 : [3] ---

Ingkang Sinuhun tilar kadhatokadhaton. ing Kartasura badhe tindak dhatêng Magêtan

117. yèn nyuwawèni pukulun | lan karsa paduka aji | lêhêng nuntên umangkata | saking Sêmêdhangan ngriki | ing pusdipundi. kinarsakêna | sumôngga ing karsa aji ||

118. angandika sang aprabu | iya karsaningsun ugi | ênggone Citradiwirya | kang ingsun arsa parani | nulya Wirarêja enggal | dhawuhkên pangandikaji ||

119. mring Radèn Mangunjayèku | kinèn atuduha margi | kang marang ing Pamagêtan | Mangunjaya tuduh aglis | inggih ingkang ngalèr ngetan | punika lêrês kang margi ||

120. sigra umangkat sang prabu | wanci malêthèk hyang rawi | lampahnya ngalèr angetan | saha wadyanya umiring | sira Radèn Mangunjaya | tansah kinèn munggwing ngarsi ||

121. Sêmêdhangan wus kapungkur | Dyan Suranagara nuli | apêpoyan dhatêng kônca | manawa dinangu mami | dhumatêng sri naranata | turêna yèn ingsun ngari ||

122. marmane manira ngantun | de anak manira sakit | asangêt kasukonira | Suranagara wus ngari | nèng wetaning Sêmêdhangan | tan kandhêg lampah narpati ||

123. tan adangu nulya rawuh | dhusun ing Boga narpati | rèrèh angunjuk sang nata | tan adangu budhal nuli | mangkat saking dhusun Boga | dhusun Jamurdipa prapti ||

124. samana amanggih suguh | saha ulam [ula...]

--- 27 : 4 ---

[...m] warni-warni | Radèn Ayu Sumaningrat | kang saos sêgah narpati | aglar nèng jawining desa | akathah awarni-warni ||

125. mawi badhèg kalih êjun | asrêp ing tyas kang ningali | sigra sang nata ararywan | saha wadya aglar sami | kasongan dening kakaywan | aub sitinya aradin ||

126. lingsir wetan wancinipun | adan adhahar narpati | saha putra jêng pangeran | wusing dhahar dèn lorodi | pinaringakên ing wadya | sadaya sami abukti ||

127. saha Kumpêni tan kantun | ri sampuning sami bukti | tuwuk kang wadya sadaya | malah tan têlas binukti | ri sampun bukti kang wadya | sang nata budhal tumuli ||

128. ing Jamurdipa kapungkur | ngalèr ngetan lampahnèki | kang wadya pan sami sayah | ngrempong myang ana kang kari | nulya arêrêb sang nata | sakêdhap ngêntosi abdi ||

129. ing Sagawe raning dhusun | kang rinerenan narpati | sang nata aris ngandika | mring Radèn Mangunjayèki | iki ngêndi raning desa | matur ing Sadamêl gusti ||

130. sangandhaping pakèl wau | gènnya pinarak sang aji | andangu mring Wirarêja | bapa êndi marganèki | kang maring ing Pamagêtan | Wirarêja nimbal kêling ||

131. mring Radèn Mangunjayèku | hèh radèn pundi puniki | margane mring Pamagêtan | Mangunjaya tuduhnèki | inggih angalèr angetan | sang nata ngandika aris ||

132. apa maksih adoh iku | Magêtan lan kene iki | Mangunjaya aturira | yèn lampah sakeca

--- 27 : 5 ---

gusti | kalih panginêban marga | yèn lancar sadintên ngênting ||

133. ri sampun pêpak wadyagung | sang nata budhal tumuli | lampahira rêreyongan | desa ing Kakum wus prapti | asangêt sayahing wadya | anulya rèrèn sang aji ||

134. akathah ing solahipun | kang wadya arèrèn sami | ana saluku alênggah | wênèh timpuh gènnya linggih | wanci môngsa rarywa angwan | adangu rêrêb sang aji ||

135. rarywangon kathah kadulu | wênèh wong desana prapti | saha bêkta sêgahira | ginotong ing jodhang alit | konjuk dhatêng sri narendra | wus dinumakên waradin ||

136. adangu rêrêb sang prabu | samana wontên kang abdi | Sutamênggala namanya | Galempo kala duk alit | angartika jroning nala | marang wong desa kang prapti ||

137. wong desa kang saos suguh | bêbêkêle dèn takoni | hèh paman manawa sira | amiyarsa warti-warti | ana prayayi kang prapta | yèn ana prayayi ngêndi ||

138. kang tinakon sauripun | tan mirsa kula kiyai | nulya sikêp kang ngrêrêmbat | anjawil bêbêkêlnèki | inggih kiyai kawula | mirsa warti kala wingi ||

139. ing Kadarèn wartinipun | kapondhokan ing prayayi | wus tigang dalu laminya | gènnya nèng Kadarèn nênggih | Sutamênggala atanya | prayayi têka ing êndi ||

140. tan uninga sangkanipun | inggih kawula kiyai | andhêdhês Sutamênggala | lah têka walèha ugi | warta-wartane [warta-...]

--- 27 : 6 ---

[...wartane] kewala | prayayi têka ing êndi ||

141. sumaur malih kang tutur | inggih ujare kang warti | prayayi ing Pamagêtan | wartining têtiyang alit | kumênyut sajroning nala | Sutamênggala mirsèki ||

142. angraos asrêp tyasipun | ya ta katur ing sang aji | ing sawartine punika | sigra sang nata anuding | marang ing Ki Bangsantaka | kinèn lumakyèng nimbali ||

143. sandika ing aturipun | wus umangkat saking ngarsi | anulya Dyan Mangunjaya | anambungi lampahnèki | wus kèndêl Ki Bangsantaka | dene kang lumaku nênggih ||

144. Mangunjaya rencangipun | kang tinuduh animbali | dhumatêng Citradiwirya | wus adangu dèn antosi | ingenggalakên saksana | kêkapalan kang tinuding ||

145. samana sampun amundur | Kyai Citradiwiryèki | saking Kadarèn punika | nanging katututan nuli | dhatêng dutaning narendra | agya wangsul lampahnèki ||

146. agupuh ing lampahipun | saha wadyanya tan kari | lampahnya asêsandêran | sagêgamannya umiring | gènnya amêthuk sang nata | tyasnyarsa agea panggih ||

147. sarêng katingal sang prabu | Citradiwirya nulyaglis | mudhun saking kudanira | lumaywa prapta ing ngarsi | sumungkêm ing pada nata | saha tangis lir pawèstri ||

148. tansah sira ngungun-ngungun | umatur maksih wor tangis | dhuh pêjah gêsang kawula | konjuka paduka aji | saking ing tiwas kawula | kaabdèkakên narpati ||

149. sang nata ngandika arum |

--- 27 : 7 ---

uwis mênênga sirèki | sira gawa batur pira | matur Citradiwiryèki | inggih ing lampah kawula | mêthuk paduka puniki ||

150. kados wontên gangsal atus | pambêkta kawula gusti | sang nata aris ngandika | iya lakuningsun iki | arsa maring wismanira | bocah padha sayah iki ||

151. Citradiwirya turipun | sumôngga ing asta kalih | tan rumaos agêgadhah | apan kagungan narpati | nagari ing Pamagêtan | darmi atêngga kang abdi ||

152. angandika sang aprabu | hèh Citradiwirya aglis | ingsun saosana jaran | iya bocah-bocah iki | kang padha ngrempong lakunya | iku tan bisa lumaris ||

153. iku mêngko karsaningsun | tunggangêna jaran sami | kang angrempong kabèh padha | aywa ana kongsi kari | Citradiwirya sandika | ature dhatêng narpati ||

154. apan sinaosan sampun | kuda sami nyatunggili | tan wontên kang bêboncengan | langkung kuda kirang janmi | samana wadya sang nata | sadaya suka ing galih ||

155. Radèn Mangunjaya wau | apamit dhatêng sang aji | asangêt anuhun duka | arsa ngrêrah anak rabi | dening yèn sampun kapêdhak | abdi dalêm rayat gusti ||

156. kenginga kawula laju | dhatêng ing Kartasurèki | pintên banggi yèn sagêda | kawula dadosa aksi | supados yèn waspaosa | sasolah tingkah kang kari ||

157. anglilani sang aprabu | ngampah manawi tan kêni | pangartikaning

--- 27 : 8 ---

narendra | lêng sun lilanana iki | manawa iki sayêktya | sanggup sêtyane ing kami ||

158. Mangunjaya sigra wangsul | sang nata budhal tumuli | saking ing Kakum samana | ngalèr ngetan lampahnèki | praptèng Gugur lampahira | mèh surup lampahirèki ||

159. sang nata rêrêb ing Gugur | ing dalu umangkat enjing | prapta ing Pancot lampahnya | ing pasar alèrèn sami | nèng bale panjang pinarak | sang nata siniwèng abdi ||

160. wancinipun maksih esuk | sainggiling pêcat rakit | ardi Lawu tan katingal | pêtêng dhêdhêt margi ngarsi | umatur Citradiwirya | jrih yèn tan matura gusti ||

161. abdi dalêm Pancot matur | asangêt gusti ngaturi | mênggah ing ardi punikipunika. | yèn sampun makatên gusti | tan kenging kalangkungana | yèn sinêrang bilaèni ||

162. nanging karsane sang prabu | tan kenging dipun aturi | akarsa lajêng lampahnya | nulya kinèn nênulaki | sigra ing abdi ingatag | ngobonga mênyan tumuli ||

163. nèng sanggar langgatanipun | wong Pancot pusakanèki | sanggar punika wasiyat | yasanya kang dhingin-dhingin | kapêrnah pinggiring pasar | mênyan wus ingobong aglis ||

164. kukusnya sangêt kumêlun | sawusing dhahar sang aji | anulya mangkat sang nata | saking pêkên Pancot aglis | kang dhêdhêt mêndha sadhela | tan antara dhêdhêt malih ||

165. antawis dohing lumaku | saking Pancot winitawis |

--- 27 : 9 ---

mèh kalih panyêluk dohnya | ampak-ampak andhatêngi | pêpucuking riris prapta | kèndêl lampahing narpati ||

166. Citradiwirya umatur | mring nata sangêt ngaturi | lêhêng gusti awangsula | rêrêba ing Pancot malih | mênggahing ardi punika | yèn sampun makatên gusti ||

167. tan kenging sinêrang laku | pinêksa ambilaèni | lêhêng gusti awangsula | rêrêb ing Pancot salatri | mangkat kemawon ngenjingan | sang nata sigra nuruti ||

168. anulya sang nata wangsul | dhatêng dhusun Pancot malih | ri sampuning masanggrahan | sang nata jawah dhatêngi | saha dhêdhêt alimêngan | sasiyang tumêkèng latri ||

169. sang nata rêrêb sadalu | ing Pancot umangkat enjing | labêting mêndhung limêngan | ing latri tumêkèng enjing | tan kandhêg ing lampahira | sang nata ingiring riris ||

170. ing Camarasèwu rawuh | samana rêrêb narpati | ngasokkên lampahing wadya | hyang arka datan kaèksi | angukud kêkês kang wadya | dening sirêm-sirêm riris ||

171. ri sampuning aso wau | sigra budhal sri bupati | dhusun Palaosan prapta | rêrêb adhahar narpati | tan adangu sigra budhal | saking Palaosan aglis ||

172. samana ing lampahipun | sang nata pan sampun prapti | nênggih kitha Pamagêtan | wus masanggrahan sang aji | kalih dintên nata bala | tyas lir kajawuhan gêndhis ||

--- 27 : 10 ---

164. Prabu Kuning ngêbroki kadhaton Kartasura

208. Dhandhanggula

1. anêngakêna sri narapati | kawarnaa kang prajurit Cina | anjêjarah nèng purane | wau kang anèng pungkur | Martapura Dipati Pathi | miyat obong-obongan | tinon jro kadhatun | ginêlak ing lampahira | ratunipun ingayap samargi-margi | kasukan giyak-giyak ||

2. Mangunonêng kang prapta rumiyin | lan Martapura ing Kartasura | apan wis mirsa wartane | ywan putra kathah kantun | miwah ibu myang para rabi | sami kantun sadaya | sigra lampahipun | wus prapta ing pagêlaran | Mangunonêng Martapura tumulyaglis | malêbèng jro kadhatyan ||

3. jro kadhatyan pan kapanggih sêpi | datan wontên wanodya katingal | Martapura lajêng age | dhatêng pasowan kidul | Martapura nulya kapanggih | lan ratwagêng punika | myang kang wayah wau | rahadyan ayu kadhatyan | wus binêkta kalih mring Martapurèki | sinrahakên saksana ||

4. mring Mangunonêng wus dèn tampèni | nuntên Ratu Madurêtna enggal | pinundhut Mangunonênge | saking pasowan kidul | lan Dyan Ayu Kaluwak sami | sarêng kapundhutira | sing pasowan kidul | samana dados satunggal | ratu agêng lan putra wayahirèki | nèng Kamangunonêngan ||

5. dupi antawis ing tigang latri | nuntên Dèn Ajêng

--- 27 : 11 ---

Uwuh Ngularan | kapanggih pagêndhingane | sigra nulya kapundhut | mring Ki Mangunonêng Dipati | sarya kang bibi sira | kang nama Mas Ayu | Pujawati wus kabêkta | pan tinunggil lawan ingkang eyang aglis | kangjêng ratu gêng ika ||

6. de kang kanggenan Dèn Ajêng Dewi | Tumênggung Padmanagara Dêmak | anulya pinundhut age | mring Mangunonêng sampun | wontêndening Dyan Ajêng Jabir | miwah Dèn Ajêng Sarwa | pan sampun pinundhut | mring Mangunonêng piyambak | saking Cina nulya ratunipun prapti | ngadhaton sitibêntar ||

7. dening sagung para garwa nênggih | sami wontên Kamangunonêngan | tan wontên pisah ênggène | apan sadaya kumpul | nèng Kamangunonêngan sami | dening kêkasihira | kang para garwèku | Dyan Ayu Andayasmara | Tiknawati Surtikanthi Smaraningsih | Tilarsih Tiksnarêngga ||

8. Rênggasari lan Andayawati | Rêtnasari Wandhangsari lawan | Rêtnadi Erawatine | Andayaningsih wau | wontên malih graha narpati | pinundhut ratunira | kêkalih gungipun | wasta Dyan Ajêng Srênggara | lan Turunsih ri sampuning mangkanèki | Mangunonêng saksana ||

9. angaturakên kang eyang aglis | Ratu Agêng mring susunanira | sarta para wayah kabèh | lan kang putra tan kantun | sira Ratu Madurêtnèki | ri wus katur sadaya | maring ratunipun | dadya kalêbèng kadhatyan | Kangjêng Ratu Agêng lan pra wayah sami | tan kantun putranira ||

--- 27 : 12 ---

10. Ratu Madurêtna pan anunggil | lan kang ibu anèng jro kadhatyan | nulya Ratu Alit age | samana pan pinundhut | marang Radèn Martapurèki | saking têtiyang Cina | ngaturakên sampun | dhumatêng susunanira | wus tinunggilakên mring kang eyang aglis | anèng jroning kadhatyan ||

11. dening ratunira wus umanjing | jroning pura sampun angadhatyan | anêtêpi dalêm gêdhe | Mangunonêng wus mêtu | pangabean kang dèn ênggèni | deningdene. Ki Martapura | maksih nèng kadhatun | anèng masjid Suranatan | tan alami Karajanitèn dèn gèni | maring Ki Martapura ||

12. kang wong Cina wus tinundhung mijil | saking pura kinèn makuwona | anèng pagêlaran kabèh | pan sampun pinapacuh | aywa ana kang wani-wani | dening kang dadya garwa- | nira ratunipun | amung kêkalih namanya | Dyan Srênggara kalih Dyan Ayu Turunsih | wau kang kawarnaa ||

13. wêwolu para garwa narpati | amung nênêm kang pinundhut ika | kang kinarya wong dalême | Pujawati namèku | Citrawati lan Gôndawati | Tejawati wiyarsa | myang Puspawatiku | Dyan Ayu Kilèn duk prapta | pan anjujug Kamangunonêngan nênggih | sêpuh wawratanira ||

14. sipêng sadalu enjing anuli | lajêng ingaturkên mring ratunya | tinunggilkên Ratu Gêdhe | samya nèng jro kadhatun | kawarnaa sira Dipati | Mangunonêng angatag | ngulari Dyan Ayu | Natakusuma kapêdhak |

--- 27 : 13 ---

tan winarna lampahira sampun prapti | dalêm ing Pangabean ||

15. Dyan Ayu Natakusuma nuli | pinarnahakên soka wêlahan | namane pakêbonane | Dyan Natawijayèku | kang tinuduh rumêksa nênggih | Radèn Sutawijaya | apan sutanipun | Rahadèn Natakusuma | kawarnaa kang samya lumaywa ngili | sagung kang pra santana ||

16. kang pêpitu marang ing Matawis | kang têtiga sumingkir kewala | tan nêdya têbih lampahe | Pangran Buminatèku | ngidul ngetan dènnya sumingkir | kèndêl ing Sudimara | wastane kang dhusun | wanci sangandhaping asar | jêng pangeran wruh lamun sri narapati | nabrang ing Pamanggaran ||

17. sigra nulak pangran lampah latri | enjing prapta nagri Kartasura | wus kumpul lawan kadange | Pangeran Singasantun | lan Pangeran Arya Matawis | wus mantuk mring nagara | katiga anungkul | kang anêdya mring Mataram | praptèng margi anèng Tambayat apikir | lan ari-arinira ||

18. riyon ing karsa pangran ngabèi | kêdah ngungsi mring nagri Mataram | Pangran Dipanagarane | kêdah nusul sang prabu | dadya pisah ingkang kêkalih | samya lumakwèng ngetan | Pangran Arya wau | Pamot lan Dipanagara | ingkang gangsal wus lajêng dhatêng Matawis | prapta ing Aksigônda ||

19. masanggrahan dhusun Margasari | pangran ngabèi lan pra arinya | Pangeran Danupayane | lan Pangeran Ranggèku | myang Pangeran Amangkubumi | Pangran [Pangra...]

--- 27 : 14 ---

[...n] Silarong sira | lan Prangwadanèku | apan sami pirêmbugan | angandika wau Pangran Angabèi | mring kang rayi sadaya ||

20. kayaparan ari-ari mami | rèhning padha anèng pangumbaran | kaya ngapa prayogane | kang rayi sarya nuhun | datan wontên kang darbe pikir | sigra wau Pangeran | Mangkubumi matur | yèn suwawi lawan karsa | luhung sami umadêg apacak baris | têtiyang ing Mataram ||

21. tinarubakên ingabên jurit | kawula ingkang anindhihana | dene sampeyan ing mangke | kula damêl têtunggul | sampun tumut ngawaki jurit | dene ing benjing gampang | inggih yèn atimbul | rayi paduka sang nata | nanging mangke suwawi kawal ing jurit | kang rakasru ngandika ||

22. ingkang boya-boya iku adhi | dudu pikir tur môngsa doyana | mundhak ngakèh-akèhake | dosanira lan ingsun | mêngko manèh wong Jawa iki | dèn adu raka para | iya sang aprabu | parandene nora kêna | ya ta kèndêl Pangeran Amangkubumi | angunandikèng driya ||

23. apa karsane kakang mas iki | apa arêp maring Kartasura | aparêp nungkul karsane | kasaru duta rawuh | dutanira saking kang rayi | Pangeran Buminata | nênggih lampahipun | ngaturi maring kang raka | ingaturan kondur marang ing nagari | pangeran angandika ||

24. yayi Êmas Buminata iki | angaturi iya marang reyang | lan maring sanak-sanake | apa bisa ananggung |

--- 27 : 15 ---

maring lara patine sami | ing kadange sadaya | lan apa wus rêmbug | lan kang anèng Kartasura | yèn wus rêmbug besuk utusana maning | caraka wus tinulak ||

25. ya ta wau Pangran Mangkubumi | lawan ingkang rayi Pangran Rôngga | asêngadi maring lèpèn | prapta ing kali wau | samya lênggah têpining warih | Pangran Silarong lawan | Prangwadana nusul | lajêng samya rêrêmbagan | angandika Pangeran Amangkubumi | maring Pangeran Rôngga ||

26. kadipundi ing pikir puniki | kakang êmas ngabèi punika | kudu anungkul karsane | kula adhi tan tumut | ing karsane kangmas ngabèi | kondur mring Kartasura | Pangran Rôngga matur | alêrês karsa sampeyan | bokmanawi sinung emut pun Garêndi | yèn motangakên pêjah ||

27. wêkasane candhak cêkêl benjing | Pangran Mangkubumi angandika | êlir yayi makotêna | nora sotah wak ingsun | asebaa mring Si Garêndi | sun arsa mring Samarang | parandene batur | ing Kartasura akathah | pra dipati kang maksih anèng Samawis | ari katiga rêmbag ||

165. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ngadhatènngadhaton. wontên ing Pranaraga

28. kunêng ingkang lagya riyon pikir | pra santana kang anèng Mataram | warnanên wau praptane | anênggih sang aprabu | sasampune rèrèh kang abdi | nèng nagri Pamagêtan | samana sang

--- 27 : 16 ---

prabu | aris dènira ngandika | marang Citradiwirya kinèn tumuli | anglampahakên duta ||

29. mring Madiun duta wus winêling | sigra mêsat lampahira enggal | nimbali radèn kalihe | kang palênggah Madiun | Dyan Saputra kala duk alit | apan wus ngalih nama | Sumawijayèku | lawan Radèn Martalaya | wus mangkana sang nata ngandika aris | mring Kyai Wirarêja ||

30. bapa sira sun karya dipati | jênênga Dipati Wirarêja | lan Si Galempo namane | sun alihakên iku | ajênênga sira Ngabèi | Sindupati namanya | ya ta sang aprabu | aris dènira ngandika | dhatêng Citradiwirya amundhut dasih | tiyang ing Pamagêtan ||

31. kang kinarsakkên têtiyang santri | arsa dinuta mring Surapringga | matêdhani uningane | dhatêng pangagêngipun | Surapringgaran Sawunggaling | kalih Ki Wirasraya | lamun sang aprabu | jêngkar saking puranira | karsanipun yèn sang nata amarêngi | anjog ing Surabaya ||

32. lampahira saha mawi tulis | mungêl nawalanira sang nata | saking kapitan rêmbage | kêkalih nawalèku | mungêl lamun Ki Sawunggaling | lawan Ki Wirasraya | samyaran Tumênggung | Wirasraya ingaranan | Sasranagara dening Ki Sawunggaling | nama Sêcanagara ||

33. wus palastha surat nawalaglis | sinungakên duta gya umêsat | saking ngarsa nata age | lampahnya tan winuwus | kawarnaa dutanirèki | Kyai Citradiwirya | kang saking Madiun | nimbali Dyan [Dya...]

--- 27 : 17 ---

[...n] Martalaya | lawan Sumawijaya pan lagi prapti | wus kèrid kalihira ||

34. Martalaya kang sowan rumiyin | Sumawijaya dèrèng ngandikan | taksih ngêntosi balane | Dyan Martalaya wau | wus sumungkêm ing pada aji | mundur lênggah mangrêpa | sang nata andangu | marang Radèn Martalaya | anèng êndi mêngko Sumawijayèki | matur Dyan Martalaya ||

35. inggih wontên pamondhokan jawi | angantos timbalan sri narendra | nulya tinimbalan age | sampun prapta ing ngayun | gya nungkêmi ing pada aji | mundur lênggah mangrêpa | wus jajar alungguh | lawan Radèn Martalaya | sri narendra ngandika dangu nauri | nira Dyan Martalaya ||

36. alon matur Dyan Martalayèku | angaturakên sajarahira | lêluhur nguni-unine | mila ngrèh ing Madiun | apan tunggil lêluhurnèki | lan Dyan Sumawijaya | têlas aturipun | dhumatêng sri naranata | awiwitan tumêrah badanirèki | matur Sumawijaya ||

37. aturira yèn budinirèki | têtiyang saking ing Surapringga | malah mangkana ature | yèn wontên sih Hyang Luhur | mring narendra jalêr ing jurit | mulya jênêng narendra | mantuk angadha[...]nangadhatun. | nagri dalêm Surapringga | kula suwun yèn marêngi lan karsaji | lêga tyas sang narendra ||

38. angandika sang sri narapati | lah Martalaya Sumawijaya | karo sira ingsun alèh | iya namanirèku | karo padha sun jêjuluki | iya Si Martalaya | jênênga

--- 27 : 18 ---

sirèku | Pangeran Amartalaya | Si Sumawijaya jênênga sirèki | Pangran Mangkunagara ||

39. kêkalih sampun jinunjung nami | dening duta kang mring Surabaya | mila bêkta nawalane | mring yayi kalihipun | Wirasraya lan Sawunggaling | dening sri naranata | tita ing tyasipun | anganti Puspakusuma | datan prapta abukti umiring aji | mila têmah kaliya ||

40. ing marga tansah dipun raosi | Puspakusuma ingayam-ayam | sinahan Surapringgane | dupi sang nata rawuh | Pamagêtan tan wontên prapti | nunggil bêkti sang nata | ika titanipun | ya ta wau sri narendra | praptèng enjing budhal saha wadyanèki | saking ing Pamagêtan ||

41. kang umiring Dyan Martalayèki | akalihan Dyan Sumawijaya | Citradiwirya andhèrèk | karsa dhatêng Madiun | lampahira sri narapati | dupi sapraptanira | kilèn Ngringinkuncung | kapêthuk ingkang amapag | dutanira Sumabrata Pranaragi | aran Suradirêja ||

42. atur sêmbah ponang duta kalih | amêndhak ing ngarsa aturira | kawula dinuta anggèr | dhatêng abdi sang prabu | pun Tumênggung ing Pranaragi | paduka ingaturan | lajêng lampah prabu | pinarak ing Pranaraga | abdi dalêm pun Tumênggung Pranaragi | saosa karsa nata ||

43. sri narendra sigra dènirangling | marang sira Pangran Martaya |Kurang satu suku kata: marang sira Pangran Martalaya. hèh Martalaya kapriye | lamun lajua ingsun | iya marang ing Pranaragi | dene wayah wus awan |

--- 27 : 19 ---

apa prapta ingsun | matur Pangran Martalaya | kados botên pasthi kadalon ing margi | sang nata angandika ||

44. hèh duta sapa aranirèki | matur yèn aran pun Suradirja | lan pun Sutadêdahane | andikanya sang prabu | iya padha balia aglis | sira apêpoyana | marang si tumênggung | yèn ing mêngko lakuningwang | nora têka lajua mring Pranaragi | pasthi kawêngèn marga ||

45. dene wêkas ingsun mring sirèki | sira dhawuhna maring si paman | Tumênggung Surabratage | yèn têmên-têmên iku | ya si paman marang ing kami | têkaa benjang-enjang | marang ing Madiun | sebaa ing jênêngingwang | apan laju marang ing Madiun mami | duta kalih gya mêsat ||

46. wangsul dhatêng nagri Pranaragi | sampun panggih lan Dyan Sumabrata | wus dhinawuhakên kabèh | satimbalan sang prabu | dhatêng Radèn Surabratèki | wau sri naranata | lajêng lampahipun | wus prapta Madiun sigra | masanggrahan saha wadya wus amrêgil | wismane Martalaya ||

47. rêrêb sadalu sri narapati | nèng Madiun dupi enjingira | Dyan Surabrata wastane | anèng nagri Madiun | nuju wanci apêcat rakit | praptanya saha wadya | katur ing sang prabu | agya nulya ingandikan | praptèng ngarsa Dyan Surabrata anuli | nungkêmi pada nata ||

48. ri sampuning tur bêkti narpati | Dyan Surabrata wus pamondhokan | sadalu nulya enjinge | ingandikan sang prabu | praptèng ngarsa mangrêpa linggih | lan Pangran Martalaya |

--- 27 : 20 ---

kang samya nèng ngayun | myang Pangran Mangkunagara | Adipati Wirarêja datan kari | samya nèng ngarsa nata ||

49. Kapitan Hondrop tan kêni têbih | tansah sumandhing ing ngarsa nata | sang nataris andikane | paman Surabratèku | kayaparan karêpirèki | mungguhing jênêng ingwang | sira ingsun tuntun | umatur Dyan Surabrata | pan sandika lumaksanèng karsa aji | nadyan têmah palastra ||

50. tan gumingsir abdi padukaji | inggih pun Tumênggung Surabrata | suka pêjah ing karyanggèr | wangsul paduka prabu | karsa angadhaton ing pundi | angandika sang nata | iya karsaningsun | laju marang SurabalaSurabaya. | karsaningsun ingkang misesani karsi | rèrèh anata bala ||

51. sangêt matur Dyan Surabratèki | inggih gusti ing atur kawula | yèn sampunira karsanggèr | lajêng mring Surèngkewuh | asru mambêng kawula gusti | nadyan benjing lajênga | dhatêng Surèngkewuh | kalamun pun Surabrata | sampun sirna pêjah madyaning ajurit | sumanggèng karsa nata ||

52. nanging yèn maksih kawula urip | asru mambêng ing atur kawula | kenging tan kenginga anggèr | panjênêngan sang prabu | kapondhongan mring Pranaragi | inggih angadhatona | tumuntên pukulun | wontên ing wisma kawula | darapon suyuda nuntên enggal prapti | wadya môncanagara ||

53. dening mênggah angga kawulèki | sampun sumêlang tyasing narendra | pan sampun kasaosake |

--- 27 : 21 ---

sadèrèng-dèrèngipun | wontên pangunandika aji | pan panêdya kawula | yèn tiwas ing pupuh | pêjaha madyèng palagan | suka lila palastra ambêbantêni | ing panjênêngpanjênêngan nata. sang nata ||

54. wontêndene yèn paduka gusti | taksih sinihan dening Hyang Sukma | môngsa tiwasa abdine | pun Surabaratèku | amêngsaha pintên nagari | yêkti lamun kawênang | dening tandang unggul | sayêkti botên sumêlang | sirnanipun pun Cina lan pun Garêndi | saking ing Kartasura ||

55. sri narendra angandika aris | ora ingsun lamun atilara | marang ing sira jatine | iya mulane ingsun | arsa laju mring Surawèsthi | ènthènga sira sôngga | pangangkatirèku | iya marang jêjêngjênêng. ingwang | sira Radèn Tumênggung Surabratèki | matur saha wotsêkar ||

56. kawula nuwun duka narpati | yèn panduka èstu dhatêngêna | karsa mring Surabayanggèr | sumôngga sang aprabu | yèn tan kenging ulun aturi | amung putra paduka | gusti kula suwun | kangjêng pangeran dipatya | ulun bêkta ngadhatona Pranaragi | kenging datan kenginga ||

57. sangêt panuwun kawula gusti | mring paduka mila ulun têdha | putra nata sayêktose | pan nuntên kula junjung | ulun angkat dadya narpati | wontên ing Pranaraga | wontêna pukulun | kang sinuhun suhun wadya | dening mêngsah Cina lawan pun Garêndi | kapanggihèng kawula ||

58. kados kenging abdi padukaji | tiyang [ti...]

--- 27 : 22 ---

[...yang] môncanagara ngabêna | lan mêngsah Cina yudane | yèn putra sang aprabu | sampun madêg nèng Pranaragi | wadyèng môncanagara | pasthi darbe purun | amêngsah têtiyang Cina | sri narendra kèndêl kèwêdan ing galih | saha angartikèng tyas ||

59. kayaparan yèn adoha mami | lan putraningsun woding wardaya | kadyapa baya têmahe | marmane jênêng ingsun | anglakoni atinggal puri | iya mung putraningwang | ngong rêbut ing laku | sun têdha-têdha ing Allah | umadêga nata anggantyani mami | angluwihana ringwang ||

60. sigra sang nata angandikaris | anantun Dipati Wirarêja | myang wadya pinisêpuhe | sadaya aturipun | nyuwawèni ing karsa aji | kalamun pinarêka | ing Pranaragèku | luhung Madiun punika | kaungkurna pan abdi dalêm pribadi | sang nata lêga ing tyas ||

61. ri sampuning lêga tyas narpati | rêrêb sadalu malih sang nata | nuntên umangkat enjinge | Citradiwirya sampun | nuntên mangkat saking wêwêling | mantuk mring Pamagêtan | ngêriga wadyèku | saha mêpaka gêgaman | yèn wus kumpul wadyanya umadêg baris | nulyatura uninga ||

62. sing Madiun wus mangkat narpati | kèndêl nèng tilas kitha Pagêlang | kèndêl mariksa toyane | kang kathah raosipun | raos asrêp lan raos asin | amis bangêr pan ana | gandane kang ranu | ana sêpêt raosira | ing Kaprayan desa ênggoning kang warih | sigra lajêng lampahnya ||

--- 27 : 23 ---

63. sang nata dhatêng ing Pranaragi | datan kawarna ing lampahira | sami sadintên praptane | wau sarawuhipun | sri narendra ing Pranaragi | Rahadèn Surabrata | kinon de sang prabu | anduta mring Kartasura | anêlika wus mêsat kang ponang têlik | wêwolu kathahira ||

64. nulya andhawuhakên sang aji | parentah dhatêng Ki Wirarêja | hèh bapa lumrahna kabèh | yèn si paman Tumênggung | Surabrata sun alih nami | sun junjung jêjuluknya | ajênênga iku | Dipati Suradiningrat | Pranaraga wadya ngèstokakên sami | wau kang kawarnaa ||

65. têliknya Pangran Martalayèki | prapta anjujug ing Pranaraga | amung sakawan praptane | ingkang sakawan kantun | tur uninga mring sri bupati | lamun têtiyang Cina | wênèh dinum laku | ana kang mring Garobogan | dening Cina kang wontên bangsal pangapit | kang botên ewah-ewah ||

66. wontêndene Kyai Rajaniti | kacêpêng dhatêng têtiyang Cina | Sapanjang tinêbus age | tinêbus kalih èwu | sawusira tinêbus nuli | Rajaniti binêkta | mring dipatinipun | Mangunonêng kang anama | Wirajaya pan sampun ingalih nami | ajênêng Baurêksa ||

67. pasowan kidul kanggenan sami | dening Cina nanging dèrèng owah | ing mangke saking ênggone | têlas ing aturipun | ponang têlik apan ta sami | lan ungêle kang sêrat | Dyan Mangunjayèku | kang katur dhatêng sang nata |

--- 27 : 24 ---

kala wontên Madiun sri narapati | samana tampi sêrat ||

68. Dyan Mangunjaya kang angaturi | sêrat muni ngaturi uninga | wadyatur têlik ungêle | amung ta kaotipun | kantun amratelakakên nênggih |Lebih satu suku kata: kantun amratelakkên nênggih. dalêm kang sami kobar | kathah kêdhikipun | pratela mungêl ing sêrat | lawan malih wontên ingkang sêrat alit | salêbêting tingkêmban ||

69. dupi kabuka dhatêng narpati | sêrat alit kang wau punika | pan sinuksma ing tyas bae | kawawas ing wadyagung | netyèng nata dahat smu runtik | saha wêwah sungkawa | ing tyas sang aprabu | marmi ta agya umangkat | sing Madiun praptane ing Pranaragi | wau kang kawarnaa ||

70. duk anèng Pamagêtan narpati | anduta animbali ing sira | Ki Tohjaya Nglamongane | mila ngandikan wau | margi saking sutanirèki | ngaturkên ing sang nata | yèn warnane ayu | Ngabèi Citradiwirya | kang angaturakên dhatêng sang narpati | mila agya ngandikan ||

71. dene ênggènnya Kya Tohjayèki | kala palajênge sing Lamongan | mondhok anèng desa Sêprèh | mangkana mangkat sampun | saking Sêprèh Kya Tohjayèki | kairid dening duta- | nira sang aprabu | ambêkta sarayatira | Ki Tohjaya praptane nèng Pranaragi | katur mring Wirarêja ||

72. myang dyan dipati wus sinung uning | Suradiningrat mring Wirarêja | yèn Ki Tohjaya praptane | nulya Wirarêja wus | tur uninga mring sang narpati |

--- 27 : 25 ---

gusti abdi paduka | pun Êtohjayèku | punika ing mangke prapta | wontên jawi tan kantun sarayatnèki | wus kinèn nimbalana ||

73. sarêng katingal Ki Tohjayèki | sang nata ngandikasmu paguywan | hèh ta iki bali pêlèn | Ki Tohjaya gya cundhuk | anungkêmi ing pada aji | saha sêmu karuna | drawa amêtu luh | wusnya ngabêkti mangrêpa | munggèng ngarsa sang nata aris derangling | iya pagene sira ||

74. Tohjaya sira milu mring mami | atur sêmbah sira Ki Tohjaya | inggih gusti sayêktose | apan paduka prabu | kang satuwuk-tuwuk ngingoni | dhatêng angga kawula | trahing rayat sunu | upami ingingonana | mring têtiyang Maduntên yêkti umiring | ulun mring wong Madura ||

75. sri narendra angandika aris | hèh Tohjaya sira anunggala | lawan si bapa pondhoke | bapa ajakên iku | Si Tohjaya tunggal sirèki | ya ta nulya binêkta | Ki Tohjaya sampun | dhatêng Kyai Wirarêja | kawarnaa ing antara dalu malih | wontên têtiyang prapta ||

76. paranakan ing Cina sayêkti | apan awasta Suradiwôngsa | apan kathah pambêktane | têtiyang ingkang tumut | apan sami munggèng turanggi | saha dêdamêlira | waos bêdhilipun | kabêktèng luhur turôngga | kathahipun wolung dasa winatawis | jujug Dyan Adipatya ||

77. Suradiningrat ing Pranaragi | sapraptanya sampun pinariksa | gêgaman [gêgama...]

--- 27 : 26 ---

[...n] sabêbêktane | wus eca ing tyasipun | Radèn Suradiningrat nênggih | angaturi uninga | dhatêng sang aprabu | yèn mangke wontên wong prapta | abdi dalêm pranakan Cina sayêkti | nênggih kêkalih sanak ||

78. ingkang sêpuh awasta pun Êki | ing mangke nama Suradiwôngsa | wasta pun Êlik wastane | sêdya ngabdi sang prabu | anaosi ing karya jurit | bêkta sadêdamêlnya | kapal wolung puluh | sakathahing dêdamêlnya | waos bêdhil kabêkta munggèng turanggi | kagyat sri naranata ||

79. dêning pranakan Cina sayêkti | ingkang ingaturakên ngawula | manawa sandi lakune | milanya sang aprabu | dahat kumalamar ing galih | dening dèrèng kapêdhak | ing tyas pênêdipun | kang aran Suradiwôngsa | angandika sang nata mring Adipati | Pranaraga hèh paman ||

80. iya sira dene têka wani | angaturakên pranakan Cina | maringsun pangawulane | apa sira wus wêruh | ing sadurung-durunging nguni | matur radèn dipatya | dhatêng sang aprabu | inggih kawula miyarsa | ing pawarti ing nguni Kartasurèki | yèn wontên sutèng Cina ||

81. kêdah dados abdi dalêm Jawi | malah ing warti sampun asunat | anilibakên bapane | nanging Cina pun Baru | bapakipun botên nglilani | lamun dadosa Jawa | sing pamêksanipun | mangke dadose punika | milanipun kawula purun nanglêdi | dhatêng Suradiwôngsa ||

82. dening pun Suradiwôngsa pami | wontên piawonipun [pia...]

--- 27 : 27 ---

[...wonipun] narendra | cidra satindak lampahe | kawula kang ananggung | sampun dados malang tyas aji | kapanggih ing kawula | sukêr awonipun | sang nata aris ngandika | yèn mêngkono paman timbalana aglis | ingsun arsa wêruha ||

83. kang aran Si Suradiwangsèki | tan antara nulya tinimbalan | sang nata tumêdhak age | mring pasarean gupuh | mundhut dhuwung wasiyat aglis | kang nama Kya Balabar | pan winangking sampun | gya wangsul mring palênggahan | wus pinarak Suradiwôngsa duk prapti | mangrêpa munggèng ngarsa ||

84. sarya ngaturkên bêktinirèki | awarni nyamping kalawan arta | saha atur prasêtyane | lêga tyas sang aprabu | sampun kinèn bêktaa mijil | karyaa pamondhokan | ngasokêna laku | apan eca manahira | Suradiwôngsa ingabdèkkên narpati | anèng ing Pranaraga ||

85. nanging samana datan alami | Suradiwôngsa nèng Pranaraga | gya pinanjêlakên age | dados kawaling pupuh | wus binêkta dhusun ing Ngawi | lampahipun dadosa | nênggih kanthinipun | tumênggung ing Jagaraga | wus lumampah pun Suradiwôngsa kalih | pun Êlik arinira ||

86. kawarnaa sang sri narapati | kala èngêt duk Radèn Dipatya | Suradiningrat ature | kala anèng Madiun | pangangkate mring sang narpati | yèn dahat datan arsa | pra sanak Cinèku | miwah dhatêng wong Walônda | pasêmone dènnyarsa junjung narpati | ngandêlakên [ngandêlakê...]

--- 27 : 28 ---

[...n] wong wetan ||

87. mila sang nata nulya amisik | dhatêng kang abdi pun Puspayuda | apan kinèn ngèngêtake | dhatêng Kapitan Gondrup | kinèn ngajak ngiwa bisiki | lamun sira kapitan | kang tansah jinaluk | mring Radèn Suradiningrat | nanging sang nata sangêt dènnya ngêkahi | tan lila yèn pêjaha ||

88. nulya pun Puspayuda nglampahi | Kapitan Gondrop ingajak ngiwa | apan wus dhinawuhake | satimbalan sang prabu | apan têlas dènnyasung peling | dhatêng sira kapitan | Ki Puspayudèku | lan kinèn nyawitanana | tuwan kapitan mring kang darbe nagari | dene tansah tinêdha ||

89. nanging sang nata sangêt ngêkahi | dupi kapitan duk amiyarsa | asangêt ing panglênggêre | rinaos jroning kalbu | saandikanira narpati | dhatêng sira kapitan | yèn sangêt sihipun | sang nata mring dhawakira | milanipun kapitan nulya nglampahi | saandika narendra ||

90. kapitan tansah anyawitani | dhatêng Rahadèn Suradiningrat | tan pêgat mêndhêt manahe | dadya samya rahayu | datan wontên sumêlang galih | samana sri narendra | duk siniwèng wau | mring wadya myang sira Radyan | Suradiningrat lunggwèng mangrêpèng ngarsi | sang nata angandika ||

91. paman Suradiningrat sirèki | apa sira aduwe atmaja | wanodya bêcik rupane | ingkang layak sun pundhut | kang sêmbada sun karya rabi | Radèn Suradiningrat | tumulya umatur | inggih kawula agadhah |

--- 27 : 29 ---

sêsaosan anak kawula pribadi | sumôngga karsa nata ||

92. mila kasaosakên narpati | pangraosipun manah kawula | sami-sami sadhèrèke | mênggah ing warninipun | inggih gusti pênêd pribadi | sang nata suka ing tyas | aluwaran sampun | sang nata dènnya sineba | ri sampuning mangkana sri narapati | andangu dhatêng wadya ||

93. apa baya nyata iku bêcik | anake paman Suradiningrat | iya kang dèn saosake | marang ing jênêng ingsun | bêcik êndi lan garwa mami | kang padha ingsun tilar | matur kang tinantun | gusti lamun katimbanga | môngsa samia lan garwa padukaji | sang nata angandika ||

94. lan Si Bolèd iya bêcik êndi | myang Si Gêdhong lah sira timbanga | kang liningan lon ature | tan wontên èmpêripun | yêktos pênêd garwa narpati | nata malih ngandika | lan biyange Tambur | lah iku uwis-uwisan | gon animbang kang abdi umatur aris | nadyan gusti punika ||

95. taksih pênêd ari padukaji | Rahadèn Ayu Natakusuma | yèn tinimbang ing warnine | gêla tyas sang aprabu | angandiaangabdia. ingsun tan apti | iya sun gawe apa | yèn mangkono iku | ya ta kang abdi sadaya | sangêt matur atur pêjah gêsang sami | yèn upami sandea ||

96. nadyan wontêna awoning warni | lêhêng gusti siyosa kagarwa | dyan adipati sutane | têtêpa manahipun | ingkang abdi sadaya sami |

--- 27 : 30 ---

yèn datan makatêna | kang abdi sadarum | tan wontên eca kang manah | pan kawawrat Dyan Dipati Pranaragi | agal ing wawratira ||

97. pangangkatipun dhatêng narpati | yèn sang nata èstu wlas ing wadya | abdi sadaya ature | lêng kramia sang prabu | adarapon têntrêm kang abdi | sang nata kanggêg ing tyas | amirsa ing atur- | ripun kang abdi sadaya | pan rinaos alêrês aturing abdi | dadya nutur ing wadya ||

98. sang natangling dadya sira iki | kang padha akon rabi maringwang | iya ingsun lakonane | lah timbalana iku | yèn si bapa sun karya wakil | iya paningkahingwang | dina Akad besuk | apan sampun tinimbalan | Wirarêja sandika aturirèki | ing dalu tan winarna ||

99. enjing anikah sri narapati | awakil maring Ki Wirarêja | dina Akad paningkahe | dadya ing pêndhakipun | dina Akad rawuh narpati | ri sampuning anikah | wau Radèn Ayu | Pranaraga wus kagarwa | mring sang nata suka alêga ing galih | Radèn Suradiningrat ||

100. dadya sumungkêm ing tyasirèki | Radèn Dipati Suradiningrat | mring sang nata pangangkate | sanggupipun malêdug | tan antara nulya ngundhangi | mring wadya Pranaraga | kinêrig sadarum | sarta sagêgamanira | saha turôngga siji tan ana kari | myang wong môncanagara ||

101. sakacahaknya wus dèn utusi | Rawa Kalangbrèt Srêngat Balitar | Kartasana lan ing Pace | Caruban datan kantun | ing Kaduwang wus dèn [dè...]

--- 27 : 31 ---

[...n] utusi | kinon sami saosa | gêgaman prang pupuh | samana datan alama | wong Pranaraga wus samêktèng ajurit | aglar saha turôngga ||

102. tur uninga rahadèn dipati | mring sang nata yèn abdi paduka | sampun samêkta ing mangke | inggih sawontênipun | abdi dalêm ing Pranaragi | sumôngga karsa nata | sang nata amuwus | paman kapan sira mangkat | ing bêcike umatur radèn dipati | inggih benjing Salasa ||

103. sang natangling iku paman benjing | iya yèn têka dina Salasa | aywa kongsi wurung manèh | pan nuli mangkat ingsun | aywa lena wadyanirèki | matur radèn dipatya | abdi sang aprabu | sadaya sampun prayitna | anyarêngi têlik Pranaraga prapti | kang saking Kartasura ||

104. matur yèn têtiyang Cina sami | linurugakên dhatêng Ungaran | amêthuk prang Walandine | marêngi sami rawuh | wong Kaduwang Kalangbrèt prapti | Rawa lan Wintên sowangsowan. | Kartasana rawuh | Pace Caruban sarêngnya | sami prapta samya sowan ing narpati | anèng ing Pranaraga ||

105. wus samêkta padandanan aji | nuntên Kyai Mataun ing Jipang | samana sarêng praptane | lan dutane kang ibu | kangjêng ratu agêng anênggih | kêkalih dutanira | praptane ingutus | matêdhakkên salansalam-. donga | dhumatênga mring putra sang sri bupati | sampunisampuning. salam donga ||

106. pangandikanya kang ibu nênggih | ingkang kawrat dhatêng dutanira | mangkana wau ature |

--- 27 : 32 ---

ingkang putra sang prabu | pinrih angrêbata tumuli | sampun kongsi alama | dènnyagring ing kalbu | sarta kintun jêjêbadan | rong cêcupu kancana katur sang aji | suka tyas sang narendra ||

107. sigra dutanira ibu aglis | sampun tinundhung binêktan surat | sawingkinging duta age | dintên Salasanipun | sri narendra umangkat enjing | saking ing Pranaraga | kang wadya gumuruh | myang Radèn Suradiningrat | saha wadya wong Pranaraga ngèbêki | papan lunggwèng ing ngarsa ||

108. arsa ngrabasèng Kartasurèki | sang nata praptèng desa Mamênang | sigra rêrêb sawadyane | kunêng gantya winuwus | kang ngadhaton Kartasurèki | Prabu Kuning Mangkurat | kang wus apalungguh | punggawa ing Kartasura | akèh nungkul samya tinêtêpkên malih | salungguh-lungguhira ||

109. mung wadana gêdhong kanan kering | ingkang kanan umilwèng sang nata | Tumênggung Wirarêjane | dene kang kerinipun | Tirtawiguna nèng Samawis | marma mangkya sinungan | kanan kang palungguh | têtiyang ing Pajangkungan | sinung nama Tumênggung Wirarêjèki | de kèri kang kinarya ||

110. abdi panèkêt gêdhong kang nami | Kartiyuda Pacelongan aran | Tumênggung Suratanine | kaprênah ipenipun | dhatêng Mangunonêng ing Pathi | Kya Wirajaya nama | ran Baurêksèku | ing jawi ingkang tan ana | wadananya mantri gêdhe lan panumping | pan sampun tinimbalan ||

111. kang kinarya wadana panumping | ipene Mangunonêng kang aran | Tumênggung

--- 27 : 33 ---

Garwakandhane | dadya kaliwonipun | Mangunonêng kang madêg patih | mantri gêng kang kinarya | wadana ranipun | Sêlobog pranakan Cina | aran Pringgalaya de Kartawiryèki | nglurahi pamajêgan ||

112. wong Mataram ingkang angakahi | Radèn Tumênggung Amartapura | ngêbrêki Karajanitèn | wadya Kartasurèku | wus akathah kang nungkul prapti | andina-dina prapta | mantri punggawagung | miwah pangindhung sudagar | samya anêtêpi wismanira malih | jro kitha wus raharja ||

113. ya ta sira sang umadêg patih | dutakkên srat mring môncanagara | miwah mring pasisir kabèh | kang patut kinèn nungkul | ingkang yogya kinèn ngamini | pangeran ing Madura | pinintan pangèstu | liyane saking punika | pra dipati nungkul asebaa aglis | marang ing Kartasura ||

114. wau Pangeran Buminatèki | apêpanggih lan ki adipatya | myang Radèn Martapurane | wau pamintanipun | Martapura Dipati Pathi | amêthuk ingkang raka | kang anèng Matarum | nulya wau pirêmbagan | Martapura lawan Sang Dipati Pathi | mondhongi pra santana ||

115. nèng Matawis pangeran ngabèi | sarta amundhut prajurit Cina | satus ngiras salakune | nêlukkên wong Matarum | kinanthenan saragni Pathi | budhal saking nagara | wus praptèng Matarum | wau santana sakawan | amiyarsa yèn kang raka dèn pondhongi | marang ing Kartasura ||

116. samya nilib kesahirèng ratri | Pangran Mangkubumi Pangran Rôngga |

--- 27 : 34 ---

Silarong pra wadanane | kang tinut ing rèhipun | ya Pangeran Amangkubumi | sumêdya mring Samarang | anjog desa Kêdhu | gantya ingkang kawuwusa | Cina ingkang mondhongi pangran ngabèi | wus panggih nulya budhal ||

117. sarwi ngirid kang wadya Matawis | praptèng nagari ing Kartasura | panggih lah kang rayi kabèh | Pangran Buminatèku | lan Pangeran Arya Matawis | Pangeran Singasêkar | ingkang raka sampun | pinanggihakên kalawan | Martapura miwah Adipapati Pathi |Lebih satu suku kata: Martapura miwah Adipati Pathi. sampun ngaturan prênah ||

118. ngênggènana dalême kang rayi | Pangran Silarong wus ingênggenan | ya ta warnanên lampahe | kang sêdyanjog ing Kêdhu | sira Pangran Amangkubumi | lan kang rayi katiga | tan kawarnèng ênu | praptèng talatah Samarang | kèndêl anèng ing Tugu putusan aglis | marang Tirtawiguna ||

119. duta prapta ing ngarsanirèki | sira Tumênggung Tirtawiguna | kampita miyarsa age | marang loji sung wêruh | mring kumêndur lan komasaris | lamun wontên sudara- | nira sang aprabu | nênggih santana sakawan | kêkasihe Pangeran Amangkubumi | lawan Pangeran Rôngga ||

120. Pangran Silarong Prangwadanèki | komasaris kagyat amiyarsa | wus kinèn mêthuka age | Mas Rôngga kang tinuduh | lampahira ing Tugu prapti | wus panggih lan pangeran | ingaturan laju | wus praptèng loji lampahnya | komasaris amêthuk jawining kori | wus samya têtabean ||

--- 27 : 35 ---

121. miwah sagung nayaka Kumpêni | para upsir samya têtabean | wau komasaris anèm | alon dènira muwus | marang Rôngga sarwi bêbisik | kang bêbêd parangrusak | kang abajo biru | puniku pangeran sapa | Rôngga angling gih Pangeran Mangkubumi | komasaris lingira ||

122. punapane lawan sri bupati | ingkang jêngkar Rôngga saurira | punika kadange anèm | tunggil rama lan ibu | komasaris angucap malih | punika wong jatmika | tindak solahipun | nanging sun duga ing nala | pangungsine mariki puniku ugi | kaya botên pasaja ||

123. yèn tanggapên kaya duwe kapti | komasaris sêpuh atêtanya | kadya punapa kanthane | duk kala bêdhahipun | jêngkarira sri narapati | Kumpêni kalih wêlas | punapa tan kantun | Pangran Mangkubumi sigra | anauri purwa myang wêkasannèki | wus tinutur sadaya ||

124. wus pinrênah Pangran Mangkubumi | amakuwon lan para arinya | ingaturan sadhahare | wus eca manahipun | pan antara ing lami-lami | Radèn Sujanapura | arsa pamit mantuk | angruruhi rabinira | pan linilan marang sira komasaris | arsa binêktan surat ||

125. kaatura dhatêng sri bupati | ingkang jêngkar sêrat sinusulna | iya saguna-gunane | Ki Tirtawigunèku | amiyarsa yèn dèn lilani | Radèn Sujanapura | dadya kapiluyu | marang ing loji samana | arsa pamit mring kumêndur komasaris | prapta wus tata lênggah ||

--- 27 : 36 ---

126. abêbisik mring juru basèki | yèn karilan amit umantuka | angruruhana rabine | tinêmbungakên sampun | lamun pamit ing komasaris | kagyat netra ngatirah | jaja latu-latu | saksana anyandhak rotan | ginitikkên ing kêmeja sigar palih | saryasru dènnya ngucap ||

127. wong punapa pakênira iki | eman sang nata karya punggawa | têka norana bobote | kalayu kapiluyu | milu-milu kaya wong cili | Radèn Sujanapura | wong cili puniku | dudu piyandêling raja | sasukane pasthi manira lilani | kang kaya pakênira ||

128. wong dinuta marang ing narpati | tur kinarya piyandêl maringwang | mêngko têka pamit mulèh | punapi arsa nungkul | marang Cina dika puniki | apa ta sri narendra | kang jêngkar rumuhun | boya duwe kabêcikan | apa Cina dhingin ingkang asung bukti | mring awak pakênira ||

129. kang akongkon mring pakênirèki | sri narendra punapi wus seda | kayaparan ta wartane | Ki Tirtawigunèku | pan gumêtêr tan ngrasa urip | ngaturakên prasêtya | mring juru basèku | adhi katura ing tuwan | yèn kawula darbea tingal kêkalih | mring gusti ingkang jêngkar ||

130. yèn nêdyaa pisah lan Kumpêni | ajura dipun kadi pratala | pan akathah prasêtyane | tinêmbungakên sampun | komasaris rêrêm ing galih | gantya kang kawuwusa | sira sang aprabu | kang masanggrahan Mamênang | kang sumêdya mring Kaduwang mangun jurit | ngrabasèng Kartasura ||

--- 27 : 37 ---

166. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II badhe angrêbat nagari Kartasura

131. gènnya masanggrahan sang narpati | antuk kalih dalu nèng Mamênang | nuntên umangkat enjinge | sumrêg kang bala agung | kang prajurit saha turanggi | sang nata munggèng madya | rinêksèng wadyagung | garwa mungging ngarsa nata | ngarsa malih jêng pangeran adipati | tan kantun êmbanira ||

132. sauparêngganirèng narpati | wus samêkta lampahing narendra | ing ngarsa upacarane | de kang dadya pangayun | lampahira sri narapati | rahadyan adipatya | ing Pranaragèku | saha gêgaman balabar | lwir hèrnawa prajurit saha turanggi | apan tanpa wilangan ||

133. kang lumampah wingkingnya Dipati | Suradiningrat Ki Wirarêja | ingiring saha wadyane | kang rumêksa sang prabu | saha wadya nata pribadi | Bangsantaka kalawan | Ki Bôngsapatrèku | lampahnya datan atêbah | sakancanya samana rêrêb narpati | masanggrahan Barangkal ||

134. nèng Barangkal rêrêb tigang ratri | sri narendra ngrèrèhkên wanodya | amrih egareenggare. manahe | samana praptanipun | abdi dalêm kang nusul sami | kathahnya gangsal wêlas | abdi dalêm gambuh | anjujug Ki Bangsantaka | myang Ki Bôngsapatra ngaturakên aglis | maring sri naranata ||

135. myang Radèn Dipati Pranaragi | lawan Adipati Wirarêja | angaturakên dhatênge | ingkang rayi sang prabu | Pangran Arya Pamot [Pamo...]

--- 27 : 38 ---

[...t] namèki | sarta sira ambêkta | kang ingangkah ibu | tilas garwane kang paman | Panêmbahan Purubaya duk ing nguni | ingkang apinaraban ||

136. Dyan Ayu Cathis parabannèki | samana apan sampun winayah | Dyan Ayu wontên kadange | anom jalu kang tumut | aran Wôngsakusuma nênggih | pangran sapraptanira | ing ngarsa sang prabu | kang rayi nungkêmi pada | sarya muwun pangran tangise lwir èstri | ri sampuning mangkana ||

137. nèng Barangkal wus ingwusing. tigang latri | gènnya masanggrahan sri narendra | nulya umangkat enjinge | tan kawarna ing ênu | lampahira sri narapati | praptèng desa Tirisan | masanggrahan sampun | wau ingkang kawuwusa | Citradiwirya dènnya amêpak baris | anèng ing Pamagêtan ||

138. anglampahi parentah narpati | ing nguni pamêlinging narendra | yèn wus umadêg barise | nulya kinèn sung wêruh | mring sang nata karsa sang aji | yèn wus madêg barisnya | pinrênah kang laku | nanging kala sapunika | Citradiwirya dèrèng wruh sastra sawiji |Lebih satu suku kata: Citradwirya dèrèng wruh sastra sawiji. tan dhêngêr amêmaca ||

139. anuju kang kinaryaa carik | kaponakannya Dyan Sumadiningrat |Lebih satu suku kata: ponakannya Dyan Sumadiningrat. awismèng Pamagêtane | punika kang tinuduh | karya sêrat sampun winêling | kinèn angungêlêna | atur uningèku | dhumatêng sri naranata | yèn kang abdi Magêtan wus madêg baris | sumôngga karsa nata ||

140. nanging cariknya datan sayakti | wruh yèn bêndara tan wruh ing sastra | dadya angrêreka dhewe |

--- 27 : 39 ---

datan sêdya atuduh | angulari wadya pribadi | apan kinamandaka | Citradiwiryèku | mangkana akarya sêrat | carikira mungêl apasrah nagari | Kyai Citradiwirya ||

141. kang rumiyin ingkang sêmbah bêkti | abdi dalêm pun Citradiwirya | konjuk kangjêng nahing anggèr | jêng susuhunan ulun | lan angunjukakên kang abdi | nagri ing Pamagêtan | kagungan sang prabu | milane gusti punika | ingkang abdi pun Citra tan sagêd têbih | lan panjênêngan nata ||

142. sampuning carik akarya tulis | sigra katur mring Citradiwirya | tan mawi pariksa malèh | sampun kinèn anutup | sinungakên mring duta aglis | ri sampun tampi sêrat | duta mêsat sampun | tan winarna lampahira | sigra prapta ing pasanggrahan narpati | duk anèng ing Tirisan ||

143. sampun katur dhatêng sri bupati | dutanira Ki Citradiwirya | sampun kaatur surate | gya pinariksa sampun | ungêlira kang ponang tulis | sinuksma ing wardaya | ing saungêlipun | tamat wiraosing sêrat | sri narendra dukèng tyas yayah sinipi | mring Ki Citradiwirya ||

144. anulya wau Radèn Dipati | Suradiningrat wus tinimbalan | praptèng ngarsa tan asuwe | sang nata ngandikasru | iya paman sira sun tari | sapa ingkang prayoga | kang layak tinandur | anèng nagri Pamagêtan | dening Si Citradiwirya atur tulis | mêngko mring jênêng ingwang ||

145. muni angêsrahakên nagari | Pamagêtan marang

--- 27 : 40 ---

jênêng ingwang | iku wong tambuh gawene | iya wong nora patut | tinanggênah tunggu nagari | liwat wong ora kêna | ingandêl ing kewuh | dening sun lagi apapa | têka sae pasrah nagara ing mami | wong tan layak ngabdèkna ||

146. lah paman angsulana tumuli | iya layange Citradiwirya | unèkna mangkene bae | sasukane tyasipun | atinggala mring sun abêcik | milu luwih karêpnya | tan ngawruhi ingsun | sandika sang adipatya | aturira saha sêmbah matur malih | gusti atur kawula ||

147. inggih mênggah ingkang anggêntosi | mring abdi dalêm Citradiwirya | inggih kang kasaosake | anak kawula mantu | prênah pulunanipun gusti | mring pun Kusumaningrat | nênggih namanipun | gusti pun Sumawijaya | angandika nata iku apa wani | maring Si Sumaningrat ||

148. radèn dipati umatur aris | ingih katantun gusti asagah | aprang lan wakipun anggèr | pranga ing dharat purun | miwah pranga luhur turanggi | apan datan ataha | Sumawijayèku | mring wakipun Sumaningrat | yèn èstua purun andaga narpati | inggih pun Sumaningrat ||

149. wus katarima saaturnèki | Radèn Dipati Suradiningrat | dènnya naoskên mantune | sigra jinunjung lungguh | mantunira ingalih nami | aran Dyan Mangunjaya | Sumawijayèku | nulya Dyan Suradiningrat | aputusan rumiyin ambêkta tulis | dhatêng ing Pamagêtan ||

150. sêrat wêwangsulira [wêwangsu...]

--- 27 : 41 ---

[...lira] narpati | mungêl satimbalaning narendra | wus praptèng Pamagêtane | nulya sira acundhuk | duta lan Citradiwiryèki | sampuning tampi sêrat | Citradiwiryèku | nulya nimbali cariknya | kinèn maca saungêl-ungêlirèki | mungêl dukaning nata ||

151. sarta tinundhung saking nagari | kinèn kesah sadhatênging sêrat | sinakajêng ing puruge | Citradiwirya jêtung | pan angrasa tanpa dosèki | dèn lampahi parentah | dènirasung wêruh | Citradiwirya angrasa | lamun kêna kamandakane kang carik | dahat nutuh sarira ||

152. iki palane wong tan wruh tulis | têmah kêna kamandakaning lyan | wong bêcik ilang bêcike | iya yèn ingsun gugu | saking tiwas ingsun pribadi | anuduh pagaweyan | tan milih wong ingsun | kang kalêbu ing wirasat | pan kasêlak kaburu ing dhêmên mami | têmah agawe rusak ||

153. iya mêngko ing tarima mami | iki baya pemuting Hyang Suksma | amunga samene bae | kinon apintêr ingsun | angrawuhi ala lan bêcik | baya wus takdir ingwang | kadukan wakingsun | lah bocah padha dandana | saduwèkmu ingsun atilar nagari | parentahing narendra ||

154. Citradiwirya wus kesah aglis | saking nagara ing Pamagêtan | ngungsi desa sasukane | kandhêg bumi Madiun | padandanan karsanirèki | arsa nusul sang nata | nut sapurugipun | kunêng ganti kawarnaa | Mangunjaya kang sampun jinunjung linggih |

--- 27 : 42 ---

tinanêm Pagêtan ||Kurang satu suku kata: tinanêm Pamagêtan.

155. wus umangkat lampahira aglis | saking pasanggrahan Patirisan | dene kang andhèrèkake | wong Pranaraga agung | kêkapalan ingkang umiring | arsa anêtêpêna | ing palungguhipun | nèng nagari Pamagêtan | nanging Mangunjaya samana tan apti | malêbèng Pamagêtan ||

156. kêdah lajêng anyêlaki wukir | arsa angrampit ing ropohira | ajêng madêga barise | wau ing kajêngipun | nadyan ngumpulêna wadyalit | kajênge Mangunjaya | ywa kakehan laku | ngumpula ing pabarisan | bokmanawa kang uwa anuli prapti | tinanglêdan ngayuda ||

157. wus dhinèrèk mring wong Pranaragi | sakarsanipun Dyan Mangunjaya | apan wus prapta lampahe | samya makuwon sampun | wus angrampit ropohirèki | apan wong Pamagêtan | akathah kang rawuh | wus umadêg barisira | Mangunjaya dyan kawarnaa narpati | ingkang amasanggrahan ||

158. amung sadalu dènnya amrêgil | sri narendra anèng ing Tirisan | nulya umangkat enjinge | tan kawarna ing ênu | ing Kaduwang pan sampun prapti | dene pangajêngira | abaris ing Muruh | sang nata sampun ngadhatyan | nèng Kaduwang pan dawêg antuk salatri | nulya Dyan Pringgalaya ||

159. praptanira sowan lan kang rayi | sira Pangeran Dipanagara | katiga lawan rabine | kang nama Radèn Ayu | sampun katur dhatêng narpati | ngandikan [ngandika...]

--- 27 : 43 ---

[...n] praptèng ngarsa- | nya ari sang prabu | gya mêngkul angga sang nata | myang arinya Pangran Dipanagaraglis | lan Radèn Pringgalaya ||

160. kalih sarêng nungkêmi padaji | saha tangisira lwir wanodya | myang atur pêjah gêsange | Radèn Pringgalayèku | angandika sri narapati | ngucapakên mring sira | Dyan Pringalayèku | sakathahing sisipira | wus ingucapakên mring nata angênting | tambuh ing aturira ||

161. wus tinundhung kalih mêdal sami | kinèn rêrêpa ing pamondhokan | kalih tur sêmbah undure | wau ta sang aprabu | wus parentah mring dyan dipati | kinèn amajêngêna | kang baris ing Muruh | saha wadyèng Pranaraga | myang wadyèng môncanagara saananing | wus kinèn majêngêna ||

162. angrabasènga Kartasurèki | sira Rahadèn Suradiningrat | wus amatah têtindhihe | nama Suradirjèku | lawan Suradêdaha nênggih | punika kang pinatah | nindhihi prang pupuh | wus katur dhatêng sang nata | yèn punggawanya kalih manggalèng jurit | wus ingidèn sang nata ||

163. nulya budhal Suradirêjaglis | Suradêdaha lan pra dipatya | sêdya mring Utêr jujuge | swaraning bala umung | prajurit kang saha turanggi | pirang papan kèbêkan | lir akasa têdhuh | lampahing baris ginêlak | cucuking prang mantri Pranaraga prapti | abaris anèng taman ||

164. nêlukakên desa kanan keri | ingkang abôngga sampun jinarah | gègèr desa saurute | de kang rumêksèng prabu |

--- 27 : 44 ---

saha wadyanira pribadi | kang anaosi dhahar- | ira sang aulun | Sutanagara Kaduwang | kawarnaa wong desa kang dèn anciki | maring wong Pranaraga ||

167. Prajurit Pranaraga kasoran prangipun kalihan prajurit Kartasura

165. gègèr samya lumaywatur paksi | marang nagara ing Kartasura | mring lêlurah bêbêkêle | samana sampun katur | marang adipati ing Pathi | Mangunonêng kampita | yèn mêngsah gêng rawuh | dipati ing Pranaraga | anèng Utêr prajurit saha turanggi | apan ngèbêki papan ||

166. pangajênge nèng taman abaris | Dipati Mangunonêng saksana | asowan manjing purage | atur uninga sampun | mring ratunya Sang Prabu Kuning | kalangkung runtikira | kang umadêg ratu | nulya kinèn amapaga | mêmataha punggawa kang anindhihi | Mangunonêng gya mêdal ||

167. sapraptanira wismanirèki | Dipati Mangunonêng saksana | animbali sakancane | ya ta sampun akumpul | kang punggawa Kartasurèki | miwah Ki Martapura | pamungkasing rêmbug | ri sampunira arêmbag | kang tinuduh mêthuk ingkang mêngsah prapti | kang saking Pranaraga ||

168. Ki Kartawirya ingkang tinuding | lawan sira Ki Jayadirana | wong saking Roma wijile | kang prênah ipenipun | marang Adipati ing Pathi | kinèn anindhihana | ing sakancanipun | wong Pamajêgan sadaya |

--- 27 : 45 ---

wong Bagêlèn urut Lowanu tan kari | miwah kang wong Mataram ||

169. kinanthenan wong pasisir malih | Tumênggung Lasêm Wiranagara | wus samêkta gêgamane | lawan saragninipun | Ki Dipati Pathi sapalih | binêktakkên kang paman | Ki Kartawiryèku | ri sampuning asamêkta | gya ngaturi uninga Sang Prabu Kuning | wus kinèn umangkata ||

170. sarya wêwêling Sang Prabu Kuning | iku dèn padha prayitnèng baya | ywa kurang ati-atine | sakèhe wadyaningsun | muga salamêta ing jurit | ya ta Ki Kartawirya | kinèn mangkat sampun | wus budhal saking nagara | pan gumuruh swaraning wadya ing Pathi | kadya mong rêbut môngsa ||

171. lampahing baris wus praptèng Picis | sira Ki Tumênggung Kartawirya | amakuwon sakancane | swaraning bala umung | kang abaris Ngutêr wus myarsi | yèn wadya Kartasura | akathah kang mêthuk | lawan prajurit Santênan | Suradirja Suradêdaha nulyaglis | utusan mring Kaduwang ||

172. atur uninga mring sri bupati | yèn mêngsah ing Kartasura prapta | kang kinarya têtindhihe | Kartawirya namèku | pan punggawa saking ing Pathi | nanging datan akathah | tiyang Cinanipun | wau ta ingkang pinatah | mêdal êlèr marang Sang Dipati Pathi | apan pranakan Cina ||

173. pan Salobog namane kariyin | jinunjung lênggah ran Pringgalaya | madanani mantri gêdhe | salinglinggihanipunsalêlinggihanipun. | Pringgalaya ingkang rumiyin | ika kang ginêntenan |

--- 27 : 46 ---

mring Pringgalayèku | apan sampun kinanthenan | punggawanyar kang têluk saking Samawis | kang nama Janapura ||

174. sadêdamêle maksih awarni | ingkang anama Sujanapura | ingkang minôngka kanthine | wus mangkat kathinipun | ing Garompol kang dèn anciki | apan ajêng-ajêngan | lawan wong Madiun | kawarnaa dutanira | Suradirja Suradêdaha wus prapti | nagara ing Kaduwang ||

175. wus atur uninga dyan dipati | mring sang nata yèn Suradirêja | ing mangke prapta dutane | atur uninga wau | lamun mêngsah Cina dhatêngi | saha têtiyang Jawa | têtindhih prang pupuh | awasta pun Kartawirya | tiyang Pathi anuwun idi narpati | gusti pun Suradirja ||

176. pangandikanya sang sri bupati | iya sun amini Suradirja | mung dèn ngati-ati bae | miwah sawadyaningsun | konên padha angati-ati | dening pandonganingwang | mring Allah kang Agung | ugi padha salamêta | wadyaningwang kabèh kang umagut jurit | ponang duta gya mêsat ||

177. sigra duta kang saking lèr prapti | dutanya Pangran Mangkunagara | lan Pangran Martalayane | atur uningèng prabu | lamun mêngsah Kartasurèki | prapta ajêng-ajêngan | lan wadyèng Madiun | kang dados manggalèng yuda | Pringgalaya pranakan Cina sayêkti | Jawi Dyan Ranapura ||

178. abdi dalêm kalih nuwun idin | pudpun. Mangkunagara Martalaya | sang nata pangandikane | iya wêwêkas ingsun | karo padha dèn ngati-ati | muga ta salamêta | rinêksa Hyang

--- 27 : 47 ---

Agung | sigra mêsat ponang duta | kawarnaa Dyan Suradirja ngundhangi | ing wadya asiyaga ||

179. budhal saking Ngutêr arsa gitik | Dyan Suradirja Suradêdaha | sampun tinata gêlare | wadyèng Kartasura wus | myang Salamun arsa dèn gitik | Tumênggung Kartawirya | lan sakancanipun | budhal saking Paserenan | praptèng lèring taman lan mêngsah wus panggih | mundur wadyèng Santênan ||

209. Durma

1. lamun mêngsah bang wetan akathah prapta | sigra umajêng malih | mantri ing Santênan | ngucap ing rowangira | amungsuh wong Pajang iki | myang wong Mataram | môngsa dadia kardi ||

2. pan wong Pajang sun pamakkên tawon dhoan | sampun bubar ing mangkin | saking galodhognya | môngsa wani ngantupa | duk maksih nèng talanèki | lunga kewala | tan ana bobotnèki ||

3. lêlurahe asru dènira anyêntak | hèh ywa lancang sirèki | iya wruhanira | wong agung ing Mataram | nadyan anaa ing wukir | pan linulutan | marang ing wadya alit ||

4. lampahira Ki Tumênggung Kartawirya | ing taman sampun prapti | kacundhuk ing mêngsah | bang wetan campuh yuda | arame bêdhil-binêdhil | wong Pathi dharat | tiyang môncanagari ||

5. samya munggèng turôngga nuju katiga | dhasar papan aradin | baris ing Santênan | kiniwa têngên sira | wong Lasêm ingkang kinardi | pangawatira | sampun dhadhal kang baris ||

6. tiyang Pathi kinêpung tiyang bang wetan |

--- 27 : 48 ---

maksih golong kang baris | siniwo ing kapal | saking ing kering kanan | Tumênggung Kartawiryèki | pan maksih dharat | datan nitih turanggi ||

7. kapalipun tinuntun munggwing ing ngarsa | mulat ing kapal èstri | asangêt gambira | angling Ki Jadirana | kiyai dika titihi | kapal andika | Kartawirya nauri ||

8. ora kulup ingsun adharat kewala | yèn ingsun nitih wajik | sanak-sanakira | mêsakakên kang dharat | Ki Jadiranasru angling | hèh batur kônca | kiyai dipun aglis ||

9. rêrampanên sira tunggangna turôngga | Ki Kartawirya aglis | pinêksa kewala | rinarômpa mring kuda | pan sampun munggwing turanggi | Ki Jadirana | tumèmpèl anèng ngarsi ||

10. kapalipun èstri agêng ulês abang | sinandêrakên aglis | Kyai Kartawirya | kapalipun abigar | aningali kapal èstri | sinabêt sigra | panandêre lir mimis | mis ||Lebih satu baris yang hanya terdiri satu suku kata: mis.

11. ingkang dharat kantun bubrah tatanira | nulya tinunjang wani | mring wong Pranaraga | prasami kêkapalan | tiyang Santênan kèh mati | pan tinumbakan | mring wong môncanagari ||

12. tiyang Cina sampun rumiyin lumaywa | ngraos rewangnya kêdhik | kang samya wong Cina | ningali mêngsah kathah | de samya nitih turanggi | mila lumaywa | datan apurun pêthil ||

13. sira Gagak Pranala sampun lumajar | sarya nitih turanggi | tan tètèh ing yuda | kacandhak dening mêngsah | tinumbak [tinumba...]

--- 27 : 49 ---

[...k] gigire kanin | têrus mring dhadha | Gagak Pratala mati ||

14. pan binuru wadyabala ing Santênan | mring wong môncanagari | akathah kacandhak | wus praptèng Paserenan | lajêng anabrang banawi | wadya brang wetan | kandhêg pambêrêgnèki ||

15. tiyang Lasêm sakantunipun kang pêjah | miwah wadya ing Pathi | lajêng dhatêng kitha | gègèr ing Kartasura | Tumênggung Kartawiryèki | kandhêg lampahnya | wontên desa ing Baki ||

16. kawarnaa Sradirja Suradêdaha | wangsul mring Utêr malih | samênangnya yuda | nulya atur uninga | dhumatêng sri narapati | dhatêng Kaduwang | dutanira pan sarwi ||

17. bêkta bandhanganira mênang ayuda | badhe katur narpati | dutanya Rahadyan | Suradirja kalawan | Suradêdaha nganthèni | duta lampahnya | praptèng Kaduwang kalih ||

18. sampun katur dhatêng sang sri naranata | langkung trustha ing galih | sang nata miyarsa | aturing ponang duta | yèn wadya mênang ajurit | bandhanganira | kabèh sinungkên sami ||

19. mring kang sami antuk dhawak-dhawakira | duta umêsat aglis | wangsul mring payudan | nulya têlik sang nata | kang saking Kartasurèki | prapta ing ngarsa | tur uningèng narpati ||

20. yèn asangêt gègère ing Kartasura | sakawone kang jurit | yèn linajêngêna | kinintên kadi bêdhah | nagara Kartasurèki | dupi ngêndhanan | gya samya kumpul malih ||

21. malah kang mêdal êlèr ran Pringgalaya | lawan Janapurèki | kang abêbarisan | nèng

--- 27 : 50 ---

Garompol punika | apan lorod mundur sami | mring Kartasura | samya angati-ati ||

22. dening Radèn Pringgalaya ingkang lama | kalawan Rajaniti | sampun datan ana | nagara Kartasura | punika mangke nèng ngriki | Dyan Pringgalaya | têlas aturing têlik ||

23. wontên malih kawula môncanagara | sarêngnya sami prapti | wong saking Balora | Sêcabau namanya | wus samya katur narpati | pan katarima | Sêcabau praptèki ||

24. nulya abdi dalêm sangsayakwèh prapta | miwah wau kang abdi | pangran adipatya | samya akathah prapta | tan antara Rajaniti | ing praptanira | sêdya ngaturkên pati ||

25. pan anjujug Adipati Wirarêja | yitnanira dipati | apan binarsihan | Rajaniti samana | marang Kya Wirarêjèki | sêsampunira | binarsihan tumuli ||

26. ingaturkên wau dhatêng sri narendra | nanging sri narapati | asangêt tan arsa | lamun angabdèkêna | marang sira Rajaniti | dening akathah | cidranirèng narpati ||

27. nging Kapitan Hogêndrop sangêt aturnya | dhatêng sri narapati | yèn nampik kang wadya | ingkang bêkti paduka | inggih ing môngsa puniki | sangêt tur kula | sampun anampik abdi ||

28. dening benjing tan gadhah atur kawula | sumôngga karsa aji | sampun tinimbalan | Rajaniti mring ngarsa | sapraptaning ngarsa aji | ngaturkên tobat- | tira dhatêng narpati ||

29. sarya nangis dènira ngaturkên tobat |

--- 27 : 51 ---

ngandikannya sang aji | Rajaniti sira | wus kinèn anunggala | mring Ki Bangsantaka aglis | tumulya ana | duta kang prapta malih ||

30. dutanira sira Ki Surawiguna | lawan dutanirèki | Kyai Wôngsadita | angaturi uninga | yèn Ki Surawigunèki | anèng Wiraka | myang Wôngsadita malih ||

31. dutanira apan ngaturi uninga | yèn Ki Wôngsaditèki | anèng Sêkarbala | ambêkta garwa nata | kalih kagungan narpati | pêdhang sarwa mas | duta aturirèki ||

32. punika langkung karsa paduka nata | duta tinulak sami | kinèn ngenggalêna | ingkang sami anduta | praptane ngarsa sang aji | Surawiguna | lan Ki Wôngsaditaglis ||

33. duk samana karsanira sri narendra | ngarsakkên karya tulis | mring nagri Samarang | matêdhani uninga | dhatêng tuwan komasaris | lamun sang nata | mangkya sampun angancik ||

34. ing Kaduwang angadhaton sri narendra | saha wadyanirèki | myang Ondrop Kapitan | sampun akarya sêrat | mungêl sung wruh komasaris | sarta anêdha | inggahipun Kumpêni ||

35. kang tinêdha inggahe ing Kartasura | dening têtiyang Jawi | apan tinindhihan | Bupati Pranaraga | punika ingkang anggitik | saking ing wetan | sing lèr wetan Kumpêni ||

36. ri sampuning dados wau ingkang sêrat | dene ingkang tinuding | nglampahena surat | dhatêng nagri Samarang | awasta pun juru tulis | dinutèng nata | inggih têtiyang Jawi ||

37. duk [du...]

--- 27 : 52 ---

[...k] samana amarêngi duta prapta | saking ing Surawèsthi | anjujug Kaduwang | nênggih kang darbe duta | kang sami jinunjung linggih | dhatêng sang nata | Pêpatih Surawèsthi ||

38. ingkang nama Sawunggaling wus sinungan | tumênggung namanèki | ya Sêcanagara | dening Ki Wirasraya | tumênggung namanirèki | Sasranagara | ingkang dutanya prapti ||

39. pan kêkalih ingkang duta namanira | Ônggadirja satunggil | lan Wiradirana | ambêkta wong sawidak | dinuta ngaturkên bêkti | mring sang narendra | dening bêktinirèki ||

40. kang rumiyin warna abong ning nagara | lawan kapal kêkalih | saha busananya | saking nabêt kewala | myang pasarean saryadi | sêsapu ratyan | ning adalêm saryadi ||

41. duta kalih sampun tinulak satunggal | kinèn suka upaksi | marang kang anduta | yèn mangke sri narendra | sampun umangsah ing jurit | anèng Kaduwang | angadhaton narpati ||

42. saha pinundhutan bantuning ayuda | kang tinulak namèki | pun Wiradirana | ambêkta wong sadasa | sèkêt sikêpnya kang kari | lan Ônggadirja | kantun rumêksèng aji ||

43. wus umangkat dutaran Wiradirana | mantuk mring Surawèsthi | wau kawarnaa | Rahadèn Adipatya | Suraadiningrat nênggih | matur sang nata | nuwun idin narpati ||

44. yèn arsa adamêl tatrapan ing wadya | kang tan tuhu ing kardi- | nira sri narendra | arsa kinarya lunas | sanadyan abdi narpati | anak kawula | awon ulun lunasi ||

--- 27 : 53 ---

45. lawan malih gusti lêng kula piyambak | nindhihana ing jurit | darapon enggala | gusti lampah punika | sang nata lêga ing galih | mirsa aturnya | kang paman dyan dipati ||

46. ri sampuning katarima aturira | sira Radèn Dipati | Suraadiningrat | enjingipun umangkat | bodhol sagêgaman jurit | wus kinanthenan | Wirarêja Dipati ||

47. kawarnaa kang dinuta mring Samarang | pêparab juru tulis | ran Ki Puspayuda | samana sampun mangkat | ambêkta sêrat narpati | datan winarna | ingkang kocapa malih ||

48. lampahira Dipati Suradiningrat | lawan sira Dipati | Wirarêja prapta | ing Utêr lampahira | pan sampun apacak baris | dyan kawarnaa | kang kaplajêng wong Pathi ||

49. Kartawirya sampun ngaturi uninga | mring Adipati Pathi | yèn tiwas lampahnya | lajêng katur ing nata | kang jêjuluk Sunan Kuning | kalangkung duka | wus kinèn ambantoni ||

50. kang tinuding Radèn Malayakusuma | ambantoni ing jurit | sapanêkarira | lawan Ki Wirajaya | kala têlukipun nguni | lajêng kinarya | wadana lêbêt malih ||

51. ingaranan Ki Tumênggung Baurêksa | wus kinèn bantu jurit | Ki Arya Mandura | arsa ingantukêna | dhatêng Cêngkalsèwu malih | dèrèng lumampah | wus kinèn bantu jurit ||

52. kinanthenan tiyang Cina sagêndera | salawe kathahnèki | sami nunggang kuda | dene kapalanira | Êncik Mantu namanèki | têtindhihira | nênggih têtiyang Jawi ||

53. kang anama

--- 27 : 54 ---

sira Radèn Janapura | sampun sami lumaris | Dipati Santênan | asagah tumut pura | Dyan Malayakusumèki | lan Baurêksa | myang Arya Mandurèki ||

54. sampun mangkat kang dadya têtindhih Cina | Radèn Janapurèki | ing Baki wus prapta | panggih lan Kartawirya | Tumênggung Baurêksèki | sampun putusan | sarywa amawi tulis ||

55. mring Tumênggung Sutanagara Kaduwang | dene ungêling tulis | samôngsa apranga | Kyai Sutanagara | kinon lumaywa kariyin | nuntên mingêra | angilèn dipun aglis ||

56. Ki Sutanagara sarêng tampi sêrat | saking Baurêksèki | nulya awêwarta | marang ing kancanira | dadya wong môncanagari | suda manahnya | wus rêmbag mundur sami ||

57. mring Utêr undure wong môncanagara | sapraptanira sami | Ngutêr wus apanggya | lan Dèn Suradiningrat | anulya arêmbag sami | amapan yuda | nadhahi ing ajurit ||

58. manahira sagung wong môncanagara | wus sami purun malih | wus samya amapan | atata barisira | kang samya munggèng turanggi | karya pangawat | dhadha radèn dipati ||

59. kang anèng Utêr sampun apasang papan | Cina wus majêng sami | agêng manahira | ing Utêr sampun prapta | sigra acampuh ing jurit | panggah prangira | kang wong ing Pranaragi ||

60. Radèn Suradiningrat nindhihi sira | kang wong môncanagari | myang wong Pranaraga | samya angantêp yuda | arame bêdhil-binêdhil | wong Pranaraga | tan ana nêdya gingsir ||

--- 27 : 55 ---

61. dhasar tinindhihan mring dipatinira | mila angantêp jurit | wênèh ambêk pêjah | tan nêdya gumingsira | tan kandhêg binendrong bêdhil | kang munggwing kuda | sêdyarsa nunjang wani ||

62. wong Kartasura miwah prajurit Cina | wus mênggah manahnèki | suda suranira | mung angantêb sakêdhap | wong Cina agya tinuding | mring Baurêksa | kinon mingêr angeri ||

63. wong Kaduwang tinuduh kinon nêmpuha | anèng pangawat kering | nuju sutanira | Kyai Sutanagara | Sumawijaya namèki | têtindhihira | mung Kaduwang nèng keri ||

64. dupi uning marang ing prajurit Cina | wong Kaduwang acawis | arsa nadhahana | yudanira wong Cina | têtindhihe kang mangsiti | ngatag lumaywa | nulya tinêmpuh wani ||

65. wong Kaduwang wus bubar datan akawal | anut têtindhihnèki | lan Sutawijaya | Gandhor duk alitira | sampun lumayu anggêndring | sawadyanira | mawut arêbut dhingin ||

66. lan wong Cina pamburunya wong Kaduwang | anglojok wus kawuri | mring wong Pranaraga | dupi wau uninga | yèn wong Cina anungkêbi | dadya wong wetan | kuwur manahnya sami ||

67. tan antara bubar larud kang wong wetan | tan kêna dèn alangi | dadya wadyanira | Radèn Suradiningrat | undure agolong pipis | kang nitih kuda | maksih rumêksèng gusti ||

68. Wirarêja rumiyin palajêngira | sêdyatur wruh ing gusti | golong sawadyanya | wau wong Kartasura |

--- 27 : 56 ---

punapa malih wong Pathi | pambujêngira | sêdya apulih gêtih ||

69. arsa malês ukum maring wong bang wetan | tiyang môncanagari | apan wus lumaywa | miwah wong Pranaraga | undure datan anolih | kang mêngsah Cina | apan angêlud sami ||

70. pambujênge malah prapta ing Kaduwang | ingkang atuduh margi | apan rencangira | Kyai Sutanagara | kawarnaa sri bupati | datan miyarsa | yèn wadya kèngsêr jurit ||

71. lingsir kilèn wayahe kala samana | kawonira ajurit | Radèn Adipatya | Suradiningrat sira | kawarnaa sri bupati | dawêg anendra | wadya rumêksèng jawi ||

72. aningali kang wadya akathah prapta | saking kilèn anggili | wênèh kêkapalan | lajêng ngetan kewala | tinakenan tan anolih | palajêngira | kang dharat dèn takèni ||

73. sauripun anolih sami lumaywa | warta yèn kawon jurit | ing palajêngira | malah gustinya Radyan | Suradiningrat nèng wuri | binujung mêngsah | wadyanya sampun gusis ||

74. Wirarêja tinakèkkên wilujêngnya | de wadyaning narpati | mring wong kang lumaywa | saure kang tinanyan | tan wikan purugirèki | datan kantênan | pan sami rêbat urip ||

75. duk samana Radèn Ayu Pringgalaya | sarêng amirsa warti | agya lampahira | malêbèng pasanggrahan | arsatur wruh ing narpati | kapanggih nendra | nata winungu wani ||

76. dhuh sang nata paduka age wungua | inggih pun Adipati |

--- 27 : 57 ---

Suraadiningrat | sampun kawon yudanya | dening mêngsah padukaji | sampun acêlak | wadya malaywa gili ||

77. sri narendra gugup dènnya wungu nendra | nulya miyos ing jawi | agya pêparentah | sang nata maring wadya | kinèn kêkambilan aglis | myang kang rêmbatan | kinèn mêdalna sami ||

78. kawarnaa sira Ki Sutanagara | kaduwung mirsa warti | yèn radèn dipatya | kawon ing yudanira | nulya akarya piranti | ing pamrihira | gya loroda narpati ||

79. mariyêm bandhangan wus kinèn ambêkta | samadyaning wanadri | sapraptaning wana | agya kinèn ngungêlna | apan sampun dèn isèni | datan antara | bêdhil mungêl ping kalih ||

80. dupi mirsa wadyanira sri narendra | yèn wontên bêdhil muni | ping kalih apêrak | nulya gègèr puyêngan | kasêsa dèn akêkambil | myang kang adandan | bêbêktan kathah kari ||

81. sri narendra wus mijil sing pasanggrahan | sikêp ing Surawèsthi | mulat ing sang nata | mijil ing pasanggrahan | gègèr ing manahirèki | Tohjaya ngatag | mring sikêp Surawèsthi ||

82. kinèn samya anglêbêtana piyambak | rêmbatanira sami | saking Surabaya | dening kapal sang nata | kang saking ing Surawèsthi | roro kathahnya | apan amung satunggil ||

83. ingkang kongsi wau ingabah-abahan | ya ta Ki Tohjayèki | umulat sang nata | yèn sangêt kasêsèng tyas | gya maganjar narik bodhing | saha sêsumbar |

--- 27 : 58 ---

lir Bugis Cih Mandhicing ||

84. sarya matur ing gusti sampun kasêsa | gusti yèn dèrèng mati | kang abdi Tohjaya | apan sampun kasêdya | pêjaha ngalangi gusti | anèng Kaduwang | suka lila ing pati ||

85. angandika nata iya sun tarima | sêtyanira ing kami | lah wus payo mangkat | wong siji ro sapira | sang nata budhal tumuli | saking Kaduwang | kang tansah nèng ngarsaji ||

86. amung kang putra kangjêng pangran dipatya | nèng ngarsa datan têbih | miwah wong Walônda | kapitan sawadyanya | tansah rumêksèng narpati | bêbêktanira | sang nata kathah kèri ||

87. myang turôngga akathah ingkang katilar | miwah wadyanirèki | pangran adipatya | kasêsaning adandan | rab cêmêng antuk abrit |Kurang satu suku kata: rarab cêmêng antuk abrit. agya budhalnya | wus anututi gusti ||

88. tan kawarna lampahira sri narendra | ing kitha watês prapti | kadalon ing lampah | lajêng rêrêb samana | Kya Wirarêja duk prapti | kaplaywa aprang | lan Nayamanggalèki ||

89. praptèng ngarsa Adipati Wirarêja | nungkêmi pada aji | sampun pinariksa | saatur-aturira | dhumatêng sri narapati | Ki Adipatya | Wirarêja turnèki ||

90. mring sang nata yèn mangke abdi paduka | pun paman adipati | Suraadiningrat | dènnya kawon ing yuda | pisah lan kawula gusti | palajêngira | saking kasêsa sami ||

91. dhatêng mangke wikana pêjah gêsanga | sang nata ngandikaris | lah apa rinasan | luwih

--- 27 : 59 ---

karsaning Suksma | angur yèn wus rêrêb sami | kabèh wadyèngwang | payo mangkat tumuli ||

92. lingsir dalu wayahe kala samana | mèh umijil kang sasi | taksih pêtêngira | budhal sri naranata | ginêlak lampahirèki | wus byar raina | ing Barangkal gya prapti ||

93. ya ta rêrêb sakêdhap sri naranata | angasokakên dasih | wus aso gya budhal | saking desa Barangkal | lingsir kilèn wayahnèki | praptèng Mamênang | nulya sami kapanggih ||

94. sira Radèn Dipati Suradiningrat | lawan Suradirjèki | myang Suradêdaha | sarêng panggih lan nata | samya nungkêmi padaji | katiga pisan | apan aganti-ganti ||

95. samya asmu kumêmbêng luhnya katiga | dènnya samya nungkêmi | pada sri narendra | mundur samya alênggah | mangrêpa munggwing ngarsaji | radèn dipatya | matur saha wotsari ||

96. apan ngaturakên pêjah gêsangira | dening tiwas ing jurit | mangkana aturnya | datan nyana kawula | gusti apanggiha malih | lawan paduka | lan malihipun gusti ||

97. datan nyana kawula nêmahi tiwas | ngabên wadya narpati | tiyang Pranaraga | dene gusti kang mêngsah | sampun sami mundur gusti | têtiyang Cina | miwah têtiyang Jawi ||

98. mila bubar wadya paduka sadaya | saking pangawat keri | pun Sutawijaya | Gandhor duk alitira | kang dados pangawat keri | palajêngira | gusti datan ngawali ||

99. dadya wong Cina nungkêbi saking wuntat | surak nulya bêdhili |

--- 27 : 60 ---

punika mawutnya | abdi tuwan sadaya | sang nata ngandika aris | ya uwis paman | apa ingucap malih ||

100. ingkang uwis kalakon kinapakêna | sok salamêta sami | kabèh baturira | balikan kang ing wuntat | ing besuk padha pinikir | yèn têkèng wisma | ya payo mangkat sami ||

101. budhalira sang nata saking Mamênang | kering mring dyan dipati | saha wadyanira | pan kadalon ing marga | ginêlak lampahirèki | wus praptèng kitha | wayah mèh têngah wêngi ||

102. tan kawarna sang nata kang sampun prapta | kitha ing Pranaragi | samana wong Cina | baris anèng Tanduran | Dyan Mlayakusuma kardi | pênêd mranata | kang madêg Pranaragi ||

103. tiyang Cina miyarsa sasolahira | Dyan Mlayakusumèki | sangêt jinjanira | nulya sira utusan | dhatêng ing Kartasurèki | suka uninga | lan Sapanjang lan Singsih ||

104. samya kagèt sigra anglampahkên Cina | satus sandi bantoni | nanging kabatinan | nira kinèn nyêkêla | Radèn Mlayakusumèki | praptèng KaduwèngKaduwang. | jujug pakuwonnèki ||

105. Radèn Sujanapura sampun apanggya | wong Cina abêbisik | lamun lampahira | kinèn nyêkêl Rahadyan | Malayakusuma aglis | SujanapusaSujanapura. | sangêt dènnya nandhoni ||

106. yèn awona Radèn Malayakusuma | darbea tingal kalih | sajatinya mirsa | Radèn Sujanapura | nanging sangêt angikibi | dadya wong Cina | samya pracayèng galih ||

--- 27 : 61 ---

107. dadya kang misuwur yèn bantu kewala | wadyèng môncanagari | kêkês manahira | miyarsa yèn wong Cina | kathah ingkang ambantoni | ngêlun sadaya | mring kitha Pranaragi ||

108. kawarnaa wau sang sri naranata | kang anèng Pranaragi | enjing duk sineba | tansah apirêmbagan | nanging tiyang Pranaragi | kapanggih têlas | suwung sarawuh aji ||

109. duk antara kalih dalu laminira | nulya Radèn Dipati | Suraadiningrat | lawan sira Dipatya | Wirarêja datan kari | nèng ngarsa nata | miwah wadya Kumpêni ||

110. kapitan Hogêndorop sakancanira | lutnan lan juru tulis | samya pirêmbagan | kapitan aturira | dhumatêng sri narapati | lutnan kalawan | jru tulis matur sami ||

111. mring sang nata mangkana ing aturira | inggih gusti narpati | yèn kadya punika | kadi tanpa wêkasan | ing lampah punika gusti | yèn suwawia | lawan karsa narpati ||

112. lêng kawula anuwun lilah sang nata | mantuk dhatêng Samawis | sakônca kawula | mêdal ing Surabaya | nuwun jêjênêng narpati | lampah kawula | yèn wilujênga prapti ||

113. ing Samarang dene kang mêngsah punika | kula gitik sing wingking | lan malih kang mêngsah | wontên nagari Jipang | lan kang wontên Bicak malih | myang Garobogan | Tanjung tan dados watir ||

114. sok kawula mantuka dhatêng Samarang | miwah mêngsah narpati | kang wontên Ungaran | kula gitike benjang | kula dhatêngane gusti | ing Kartasura |

--- 27 : 62 ---

sang nata ngandikaris ||

115. maring Radyan Dipati Suradiningrat | myang Ki Wirarêjèki | iku kayaparan | paman sun tari sira | myang bapa Wirarêjèki | paran bêciknya | kapitan turirèki ||

116. aturira Dipati Suradiningrat | myang Ki Wirarêjèki | inggih tur kawula | gusti yèn sapunika | aturipun pun Kumpêni | dhatêng paduka | ywan têmên-têmên gusti ||

117. inggih prayoginipun kalilanana | saature Kumpêni | sarta binêktanan | jêjênêng sri narendra | darapon sarega gusti | lampah paduka | ri sampun rêmbag sami ||

118. nuntên Kumpni sami atur prasêtyanya | dhatêng sang sri bupati | mangkana sêtyanya | yèn tan têmên-têmêna | kawula dhatêng narpati | sakônca kula | nuntên lêbura gusti ||

119. nanging gusti lamun taksih tuwan Allah | nulusakên narpati | panjênêngan nata | mugi lampah kawula | salamêta salamining | anggèn kawula | nglampahi karya aji ||

120. ing samargi-margi mugi salamêta | enggala panggih malih | kalawan paduka | dene lampah kawula | yèn èstu salamêt benjing | panêdya kula | wontêna Bayalali ||

121. sri narendra wontêna Garompol benjang | sarênga majêng sami | gèn anggêpak Cina | kang wontên Kartasura | sang nata ngandika aris | ya sun tarima | Ondrop aturirèki ||

122. miwah ature Ondrop sakancanira | ingsun tarima kasih | sigra pun kapitan |

--- 27 : 63 ---

wus pinaringan pêdhang | Côndhabirawa namèki | lan usap tangan | Ondrop kang dèn paringi ||

123. lawan lutnan myang jru tulis kapatêdhan | pêdhang dhatêng narpati | balongsong kancana | kang darbe gêgadhuhan | Bangsantaka lawan ari | ran Bôngsapatra | kang gêgadhuhan nguni ||

124. ri sampuning mangkana kapitan sigra | mangkat amit narpati | sampun kinanthenan | têtiyang Surabaya | Ônggadirja namanèki | sabaturira | lawan Ki Sindupati ||

125. katigane kalawan Ki Naladirja | wus kinèn anyangoni | jêjênêng kalihnya | satunggil molung reyal | kapitan umangkat aglis | sakancanira | saha jêjênêng katri ||

126. lampahira kapitan mring Surabaya | kawarnaa kang wingking | kangjêng sri narendra | tansah apirêmbagan | kalawan Radèn Dipati | Suradiningrat | myang Ki Wirarêjèki ||

127. aturira Dipati Suradiningrat | dhumatêng sang narpati | saking jrih kawula | kaabdèkkên narendra | awon yèn tan munjuk gusti | dhatêng paduka | yèn suwawi karsaji ||

128. samawutipun wadya paduka nata | tiyang ing Pranaragi | kang sami suminggah | angilèkakên rayat | yèn amêthuki karsaji | inggih paduka | gusti kula aturi ||

129. amapana gusti wontên ing aldaka | rèrèha karsa aji | lan malih punika | bamban anggèn kawula | anglêmpakakên kang abdi | kang kesah-kesah | tiyang ing Pranaragi ||

130. sri narendra anuruti [a...]

--- 27 : 64 ---

[...nuruti] aturira | sira radèn dipati | nanging duk samana | Rajaniti dinuta | mring Pasuruan nimbali | Wiranagara | Bêrahim kala alit ||

131. angkatira sang nata ungkur-ungkuran | lawan Ki Rajaniti | kang mring Pasêdhahan | dening lampah narendra | samana wus praptèng ardi | Sawo namanya | ingkang dèn pasanggrahi ||

168. Radèn Martapura sulaya rêmbag kalihan Adipati Mangunonêng

132. kunêng ingkang wus marang ing Pranaraga | ingkang winuwus malih | Kyai Wirarêja | ingkang kinèn nusula | mantuk dhatêng Pranaragi | pan sampun prapta | nganthèni dyan dipati ||

133. tan winarna solahira nata wadya | ingkang winuwus malih | prajèng Kartasura | dipati ing Santênan | kadhatêngan sêrat nênggih | saking Madura | sêrat ngangsul-angsuli ||

134. ingkang têmbung sêratnya Pangran Madura | sawusing salam mami | dening pakênira | kirim layang maringwang | wus manira tupiksani | prakara dènnya | ngadêgakên narpati ||

135. gèh manira idini yèn pakênira | piturut ing rèh mami | mriyêm prunggu samya | kang anèng sitibêntar | kabèh têkakêna aglis | maring Madura | iku ingsun idèni ||

136. duk miyarsa kagyat Dipati Santênan | nulya kèn angaturi | marang sira Radyan | Martapura wus prapta | sêrat inguncalkên aglis | puniku layang | saking ing Madurèki ||

--- 27 : 65 ---

137. sawusira winaca mring sira Radyan | Martapurasru angling | pan puniku layang | dede têmbung mirungga | pan layang ngangsul-angsuli | ywa kudu nyambat | mring asu Madurèki ||

138. punapi ta boya ngadêg ratu ingwang | angling Dipati Pathi | gih paran ing karsa | têmbung kadya punika | gèn piyambak angangsuli | Dyan Martapura | angling sarwi ambêkis ||

139. boya idhêp boya wêruh pan manira | dudu kang kirim tulis | apan boya layak | kang kaya solah para | salinthutan salir kardi | akirim layang | ora anganggo pikir ||

140. karya priyayi tan nganggo rêrêmbugan | piyangkuhira pasthi | amêngku rat Jawa | angling pan sarwi kesah | samana kapuwèng ratri | ki adipatya | langkung sakit ing galih ||

141. ing dalune pan tilêm anèng jarambah | angandhut bodhik-bodhik | pêparinganira | Radèn Natakusuma | kalangkung dèn karêmêni | supe krisira | epok bantalirèki ||

142. kawarnaa sira Radèn Martapura | dalu kesah mêmaling | arsa ngayonana | mring Dipati Santênan | bêkta panakawan siji | aran Sênggama | lampahe sampun prapti ||

143. ing Kamangunonêngan wus sirêp janma | Martapura andingkik | mènèk pagêr bata | lan panakawanira | praptèng jro kang dèn ulari | paturonira | wau Dipati Pathi ||

144. duk ingintip suwêng pasareanira | anulya dèn ulari | kapanggih jarambah | anulya sinirêpan |

--- 27 : 66 ---

kapati dènira guling | wus ginagapan | bodhik-bodhik ingambil ||

145. lan bantale epok pinèt saisinya | epok binucal têbih | kaglundhung dhasira | sira Dyan Martapura | wus mènèk banon gya mijil | lan panakawan | sira tansah ing wuri ||

146. satanginira Adipati Santênan | kagyatira tan sipi | dene sirahira | kagalundhung ing kasah | anggarayang bodhik-bodhik | apan tan ana | angrasa dèn malingi ||

147. akèn panakawan ingkang kapracayan | bata kinèn ngobori | tan wontên kang bêdhah | anggraitèng tyasira | enjing nulya animbali | mring Citrasoma | kang sêpuh praptèng ngarsi ||

148. anakira kang maksih madêg Japara | dene kang sêpuh nênggih | anèng Kartasura | duk kaka sri narendra | jêngkare punika kari | dadya kacandhak | marang wong Cina nguni ||

149. pan pinundhut marang Dipati Santênan | mangkya arsa tinuding | marang ing Samarang | sampun binêktan surat | sigra dènira malurislumaris. | datan winarna | ing marga sampun prapti ||

150. ing Samarang wus cundhuk kalawan Rôngga | binêkta marang loji | katur lamun duta | saking ing Kartasura | bêkta srat Dipati Pathi | sampun tinampan | marang ing komasaris ||

151. gya winaca marang juru basanira | têmbunging ponang tulis | atur tabenira | dipati ing Santênan | kang amomong Prabu Kuning | saha nênêdha | ampune ing Kumpêni ||

152. yèn wontêna apuntên [a...]

--- 27 : 67 ---

[...puntên] arsa nungkula | nanging nagari Pathi | dipun prêpêkana | baris saking Samarang | wontêna kadamêl sandi | kesah kawula | pamit ngrêbat pun Pathi ||

153. duk miyarsa komasaris langkung suka | sêrat kinèn ngangsuli | sampun tinampanan | Citrasoma umêsat | saking nagari Samawis | sigra samana | parentah komasaris ||

154. marang wadya Kumpêni sami siyaga | arsa ngrabasèng Pathi | myang Kumpêni Islam | nênggih Dhaèng Mabelah | kang tinuduh anindhihi | lawan ing Dêmak | kang arsa dèn tanêmi ||

155. apan wontên kêkasih pêpatih Dêmak | kang wontên ing Samawis | nênggih kadangira | Rahadèn Suranata | Wiranagara namèki | duk kadangira | milwa ing Ratu Kuning ||

156. datan arsa umiring ing kadangira | marma anèng Samawis | lan pêpatihira | Tumênggung Wirasastra | Martanagara namèki | sagah samôngsa | ing Dêmak anganciki ||

157. wus samêkta budhal sakèhing gêgaman | saking nagri Samawis | pan kalih kapitan | wau têtindhihira | lan sradhadhu rong Kumpêni | Bugis Sambawa | Ambon nêmatus nênggih ||

158. praptèng têpis iring nagari ing Dêmak | gègèr kang dèn anciki | ya ta kawarnaa | Rahadèn Suranata | saking Kartasura prapti | ambêkta Cina | satus miyarsa warti ||

159. lamun mêngsah Kumpêni wus praptèng Dêmak | samêkta mêthuk jurit | dhusun Kaputatan | dènira tata-tata | wadya Kumpêni udani | lamun wong

--- 27 : 68 ---

Dêmak | mêdal mêthuk ing jurit ||

160. dyan têngara swaraning tambur gumêrah | wong Dêmak mangsah wani | lan prajurit Cina | sarêng têmpuh ing yuda | arame bêdhil-binêdhil | Ambon Sambawa | samya ngamuk mangungkih ||

161. ramening prang jurit Cinakèh pêjah |Kurang satu suku kata: ramening prang prajurit Cinakèh pêjah. ingêdrèl wanti-wanti | dadya Suranata | giris ngoncati yuda | wadya Kumpêni mangungsir | wus praptèng kitha | Radèn Suranatèki ||

162. lan wong Cina sakarine ingkang pêjah | nêdya mêmpên nagari | nanging karepotan | Bugis Ambon Sambawa | anglud saking kanan keri | wisma ngobongan | wuru tangkêbing jurit ||

163. datan kêna pinarpêkan dening janma | tinumpês gêdhe cilik | mawut wadyèng Dêmak | Tumênggung Suranata | lan wong Cina lumaywaglis | samya angetan | kèndêl nèng Suranjari ||

164. angaturi uninga mring Kartasura | anuwun bantu malih | lawan antukira | Kyai Padmanagara | wontêna rowang nadhahi | mungsuh kang prapta | saking nagri Samawis ||

165. ingkang wadya Kumpêni maksih nèng Dêmak | wadyalit kathah prapti | samya asêsêgah | maring wau kang prapta | maring Wiranagarèki | wus sugih wadya | budhal baris Kumpêni ||

166. pan angungsi mring Tumênggung Suranata | lumaywa ngetan malih | kèndêl Garobogan | Tumênggung Suranata | saha wong Cina tan kari | sisaning pêjah | samya asmara kingkin ||

210. Asmaradana

1. warnane wadya Kumpêni | kang ambujung

--- 27 : 69 ---

Suranata | kèndêl Barangkal barise | sampun ngaturi uninga | mring nagari Samarang | yèn nagari Dêmak sampun | bêdhah lajêng lampahira ||

2. amarêpêki ing Pathi | kèndêl anèng ing Barangkal | komasaris kumêndure | kalangkung suka tyasira | kunêng ingkang kocapa | Citrasoma praptanipun | atur surat sing Samarang ||

3. dhatêng dipati ing Pathi | pan anuju kasarêngan | duta sing Dêmak praptane | atur uningèng dipatya | yèn nagri Dêmak bêdhah | sang dipati sukèng kalbu | sigra angundhangi wadya ||

4. asiyaga arsa pamit | dhumatêng ing ratunira | ngrêbat ing Pathi sandine | nanging ta datanan linilan |Lebih satu suku kata: nanging ta datan linilan. dening Dyan Martapura | sampun amangsiti wau | inggih maring Cik Sapanjang ||

5. hèh Ki Sapanjang manawi | dipati pamit ing dika | dudu ujar sayêktine | punika sandi kewala | awat ngrêbat Santênan | pan sajatine puniku | arsa nungkul mingmring. Samarang ||

6. kagyat Sapanjang mirsèki | ing wangsite Martapura | nulya Sapanjang nulyage | amilihi wadya Cina | kèhnya mung kawan dasa | kang samya tate ing kewuh | sigra umangkat saksana ||

7. saha samaktèng ajurit | praptèng Kamangunonêngan | sampun apanggih lampahe | sira Kapitan Sapanjang | lawan ki adipatya | samya têtabean sampun | nulya atata alênggah ||

8. Dipati Pathi lon angling | hèh bapa dèn bêcik sira | kari rumêksèng sang katong |

--- 27 : 70 ---

pan arsa apamit ingwang | angrêbat ing Santênan | ing Pathi kancikan mungsuh | ingkang saking ing Samarang ||

9. sapanjang asru dènnyangling | ki dipati aywa sira | sida lunga ing samêngko | iya sapa batur ingwang | atunggu ing sang nata | wis têka wurungna iku | ênggonira arsa lunga ||

10. Ki Mangunonêng nauri | bapa alah jênêng ingwang | dene Ki Martapurane | kang amumpuni punika | aprakosa prawira | adigdaya ing prangipun | Sapanjang ngêdhèpi wadya ||

11. kabèh narik pêdhang abir | saha angadêg sadaya | Kapitan Panjang sru linge | apa arsa ngayonana | sira marang wong Cina | ywa kudu lunga sirèku | payo ing kene kewala ||

12. sang dipati èsmu miris | ningali solahing Cina | nanging tan owah linggihe | saking palênggahanira | saryalon dènnya ngucap | apa mulane sirèku | têka mangkono lingira ||

13. mêngko manèh awak mami | kalamun nêdya atinggal | marang gusti sang akatong | dhingin duk anèng jêblohan | awak anggung pinangan | ing lêmut siyang lan dalu | pan ingsun nora anêdya ||

14. apisaha lan sirèki | myang sakèh sanak sun Cina | goningsun aduwe katong | lingira sang adipatya | sarywakèh supatanya | ya ta eca manahipun | wau Kapitan Sapanjang ||

15. pêdhang sinarungkên sami | atata dènnya alênggah | anulya mêmundhut age | tan antara nulya [nu...]

--- 27 : 71 ---

[...lya] prapta | pêpundhutan ing ngarsa | dipati dhadharan sampun | lawan Kapitan Sapanjang ||

16. samana arêmbag sami | kang pinatah angluruga | mring nagari Samarange | Mudha Cupyan kang tinêdah | angirida wong Cina | kathahipun sangang atus | Dipati Santênan mojar ||

17. dene ta punggawa Jawi | apa kang manira têdah | pan ipe manira dhewe | Ki Tumênggung Garwakôndha | lan Radèn Mangkupraja | amaroa lampahipun | Lèpèntangi dèn gitika ||

18. lan maninge bocah mami | aran Si Tiksnanagara | iku dèn tandura age | nèng Kaliwungu nagara | yèn Kaliwungu bêdhah | banjura ngancik ing Tugu | dimène kuwur manahnya ||

19. sakèh Kumpêni Samawis | iku yèn kuwur manahnya | pasthi padha mulih age | kang abaris ing Barangkal | binobot saking wuntat | ya ta kapitan kalangkung | Sapanjang suka tyasira ||

20. iya bênêr iku ugi | ki dipati karsanira | nuli angkatêna age | amrih lindhunging ayuda | dene ingkang angetan | ki dipati bêcikipun | anuli sira mataha ||

21. amrih kerona ing jurit | angling Dipati Santênan | iya bênêr bapa kuwe | iya ingkang ingsun têdah | angluruga angetan | Tumênggung Natayudèku | lan Si Maospati ika ||

22. dene kang suka nindhihi | iku bapa ipeningwang | Tumênggung Surantanine | nora kudu anganggoa | bapa prajurit Cina | môngsa ta kalaha iku |

--- 27 : 72 ---

mungsuh wong môncanagara ||

23. kalangkung trunthatrustha. ing galih | sira Kapitan Sapanjang | sigra ingandhangan age | punggawa ingkang pinatah | siyaga ing ayuda | wus samya samêkta wau | Ki Tumênggung Garwakôndha ||

24. myang Radèn Mangkuprajèki | miwah Mudha Êcu Êpyan | ingkang rumiyin budhale | asri lamun tiningalan | warnane kang gêgaman | datan kawarna ing ênu | wus praptèng desa Ngungaran ||

25. Lèpèndodol dènnya mrêgil | saha pacak barisira | Pudhakpayung ing ngarsane | dening kang pinisah lampah | kalih atus wong Cina | kang anjog ing Kaliwungu | lawan Ki Tiksnanagara ||

26. sakawan mantri panumping | kang umiring lampahira | tan kari mantri bumine | gènnya pacak barisira | anèng desa Cangkiran | samana kapirsa sampun | saking nagara Samarang ||

27. yèn wong Cina anglurugi | wênèh mêdal ing Cangkiran | anjog ing Kaliwungune | dadya sagunging nayaka | Kumpêni pirêmbagan | lan Kya Tirtawigunèku | myang Kyai Suradipura ||

28. kalih wus malêbèng loji | gènnya sami pirêmbagan | lan Kumpêni gêdhe-gêdhe | sigêgên datan kocapa | ingkang apirêmbagan | agantya ingkang winuwus | nagara ing Kartasura ||

29. punggawa têtiga nênggih | kang tinuduh ing ayuda | apan mangetan lakune | wus samakta nulya budhal | gêgaman warna-warna | samana parentahipun | Adipati ing Santênan ||

--- 27 : 73 ---

30. kinèn anjog Sukawati | Madiun dèn êncikana | kang mring bang wetan lakune | Ki Tumênggung Maospatya | Tumênggung Natayuda | têtindhihira Tumênggung | Surantani namanira ||

31. lampahe kang ponang baris | wus prapta ing Jagaraga | angancik anèng Carême | apan samya anjêjarah | wadya ing Kartasura | desa kanan kerinipun | gègèr kang samya dèn bahak ||

32. wontên kawarnaa malih | sira Radèn Sumaningrat | sumawita ing sang katong | Prabu Kuning Kartasura | ya ta Dyan Sumaningrat | wus kinon ing ratunipun | ngancika ing Pamagêtan ||

33. marmi ta kinèn nganciki | nagara ing Pamagêtan | malar dadia kuwure | pangancikira sang nata | anèng ing Pranaraga | tinilara ing wadyèku | myang wong cili atilara ||

34. Sumaningrat mangkat aglis | sigra-sigra lampahira | wus praptèng têpis iringe | talatah ing Pamagêtan | ya ta Dyan Mangunjaya | kang baris tampinganipun | nagri Magêtan miyarsa ||

35. yèn uwak pira kang prapti | kang nama Dyan Sumaningrat | Mangunjaya tumulyage | angundhangi wadyanira | kinèn sami prayitna | aywana mundur ing pupuh | yèn uwa èstu balela ||

36. mring gusti sri narapati | kang jumênêng Pranaraga | sun labuhi arêrêmpon | yèn si uwa tan elinga | dhingin ngabdi sang nata | ingsun sayêkti tan gigu | anigasa jangganira ||

37. yèn praptane iku eling | nêdya bukti ratuningwang |

--- 27 : 74 ---

payo padha mundur alon | aywana kongsi apêrang | kunêng gantya winarna | Dyan Sumaningrat karungu | lamun pêpulunanira ||

38. ingkang umagut ing jurit | umadêg ing Pamagêtan | kapiyarsa sêsumbare | angurakakên wong tuwa | karyojar cacah cucah | samana ingkang winuwus | sutanya Dyan Sumaningrat ||

39. Pusparana namanèki | sutanira ingkang tuwa | dupi mirsa sêsumbare | arinyaran Mangunjaya | ing tyas langkung bramatya | Pusparana aturipun | dhumatêng ing ramanira ||

40. kawula matur sayêkti | rama dhatêng ing paduka | yèn pun Mangunjaya awon | anapèkakên wong tuwa | karyojar cacah cucah | rama sampun tumut-tumut | kapanggiha ing kawula ||

41. pan sampun tandhing ing jurit | Mangunjaya lan kawula | ngabêna kaprawirane | wiwah luhuring turôngga | dèn tontona kewala | singa tiwas pasthi lampus | kapocot utamangganya ||

42. Dyan Mangunyuda mirsèki | ing ujar kang tanpa nalar | ing tyas asangêt marmane | ingetang singa tiwasa | pasthi kecalan kadang | ya ta Mangunyuda matur | dhatêng Radèn Sumaningrat ||

43. mangkana aturirèki | kang kalamun sapunika | lêhêng badan kula dhewe | inggih ingkang manggihana | dhatêng pun Mangunjaya | sampun kongsi wontên dudu | satêmah kecalan putra ||

44. yèn kauwakêna ugi | kados punapa têmahnya | sayêkti sampeyan dhewe | ingkang kaecalan [kaecala...]

--- 27 : 75 ---

[...n] putra | sira Dyan Sumaningrat | alon dènira amuwus | ya môngsa bodhoa sira ||

45. Radèn Mangunyuda nuli | mangkat wau lampahira | manggihi kaponakane | kang aran Ki Mangunjaya | kang adangu wus prapta | Ki Mangunjaya wus pangguh | sarêng prapta pamanira ||

46. Mangunjaya tumulyaglis | angujungi pamanira | kang nama Mangunyudane | ri sampune ingujungan | Mangunyuda angucap | Mangunjaya praptaningsun | arsa atakèn ing sira ||

47. arêp apa sira iki | de têka kaliwat-liwat | dènira ngrakit prang pupoh | anata-nata gêgaman | kadya wong arsa mapag | mungsuh kang satuhunipun | Mangunjaya saurira ||

48. mila kawula puniki | paman andhatêngkên wawrat | rèh kula ngabdèkkên katong | tinanggênah atêtêngga | nagri ing Pamagêtan | tan kula tilar lumayu | kula labuhi palastra ||

49. sanajan pun uwa prapti | angrêbat ing Pamagêtan | yèn balela ing sang katong | kang pinarak Pranaraga | kula tan wruh wong tuwa | yèn èstu balilèngbalelèng. ratu | kula tanglêdi ing yuda ||

50. Dyan Mangunyudangling aris | Mangunjaya wruhanira | mulaningsun têkèng kene | iya tan amawa rowang | apan ta karêp ingwang | arsa pitutur sirèku | bok sira asalah tômpa ||

51. iya wruhanira ugi | marmanya wakira prapta | iya sayêkti-yêktine | apan ora môntra pisan | balelaa sang nata | kang

--- 27 : 76 ---

anèng Pranaragèku | pan uwakira angrasa ||

52. yèn ingabdèkakên nguni | sarta sinung kawibawan | kala jênênge sang katong | kang pinarak Pranaraga | duk madêg Kartasura | marmane wakira iku | praptane karsa bêktia ||

53. marang kangjêng sri bupati | nanging karsane wakira | angulari parabote | mulane ing Pamagêtan | kang arsa ingancikan | malar ta dadia iku | parabote ing ayuda ||

54. dènnyarsa ananggulangi | panjênêngane sang nata | kang madêg Pranaragane | ya ta Radèn Mangunjaya | dupi sira miyarsa | pamisiking paman wau | tutut tyasirarsa bubar ||

55. wadyannya wus dèn undhangi | pambêkta sing Pranaraga | wus pêpakan nuli lorod | mantuk dhatêng Pranaraga | wau Dyan Sumaningrat | tan winarna lampahipun | wus ngancik ing Pamagêtan ||

56. kunêng gantya kang winarni | lampahira Puspayuda | dinuta dhatêng sang katong | kala anèng ing Kaduwang | dinuta mring Samarang | samana sapraptanipun | nênggih nagari Samarang ||

57. wus panggih lan komasaris | myang kumêndur ing Samarang | sampun tinampan surate | bêbêktanya Puspayuda | mring komasaris sigra | manggil juru basanipun | sampun kinèn amacaa ||

58. saraosing ponang tulis | apan sampun kawardaya | mring Kumpêni gêdhe-gêdhe | lêt sadalu ingurmatan | swaraning kang sanjata | anglir pendah gunung rubuh | Puspayuda kagyat ing

--- 27 : 77 ---

tyas ||

59. dening antawis sawêngi | gènira miyarsa urmat | tansah anggraitèng tyase | wau sira Puspayuda | pan sampun tinimbalan | malêbêt ing loji gupuh | wêwangsul srat wus sinungan ||

60. anulya tinundhung aglis | kinèn wangsul mring Kaduwang | wus sinangon gangsal kêton | wong kêkalih kanthinira | kaum saking Kaduwang | lumampah tiyang têtêlu | datan kawarna ing marga ||

61. mêdal ing Kartasurèki | jajahan Ngutêr wus prapta | dupi miyarsa wartine | kalamun sri naranata | kawon ing yudanira | larut saha wadyanipun | putêk ing tyas Puspayuda ||

62. dening tan ana kang warti | tanahira sri narendra | têtêpe pasanggrahane | malar wartining akathah | amung wadyèng Kaduwang | wus angetan barisipun | akanthi wong Kartasura ||

63. ya ta angartikèng ati | samana Ki Puspayuda | ginagas kala purwane | jêngkare sing Kartasura | karsane sri narendra | apan karsanira laju | dhatêng nagri Surabaya ||

64. sarta anjog ing Samawis | panggêcaking Kartasura | ri sampun pangartikane | tyasira Ki Puspayuda | nulya wangsul saksana | ing Ngutêr gènira wangsul | lampahe Ki Puspayuda ||

65. sêdya wangsul mring Samawis | panduginira mangkana | môngsa wandea sang katong | kapanggih anèng Samarang | iya lan lakuningwang | kunêng gantya kang winuwus | kang kinanthi sri narendra ||

--- 27 : 78 ---

169. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II kapanggih kalihan Sunan Lawu

211. Kinanthi

1. mangkana ingkang winuwus | kang tansah sungkawèng galih | wau kangjêng sri narendra | kang mingsêr sing Pranaragi | dènnya kasoran ing yuda | kang wadya môncanagari ||

2. gyannya gumingsir sang prabu | saking kitha Pranaragi | nèng desa Sawo wastanya | wusing masanggrahan aji | nulya sang nata ngandika | dangu mring Bangsantakèki ||

3. apa wis padha akumpul | kabèh kancanira iki | Bangsantaka aturira | inggih sampun pêpak gusti | abdi paduka sang nata | miwah rayi padukaji ||

4. pangran Dipanagarèku | Dyan Ayu Pringgalayèki | saha Radèn Pringgalaya | wetan Jambêt gènnya mrêgil | kang ngalèr rayi paduka | Pangran Arya Pamot gusti ||

5. dèning abdi sang aprabu | inggih ingkang alit-alit | kaprênah kidul punika | wontên kilèn kang sapalih | sang nata rèrèh tyasira | andangu pêpak kang abdi ||

6. mangkana wau sang prabu | laminya sah saking nagri | duk anèng Sawo samana | gènnyagung among akingkin | munggwing soring prawatèka | ing Jambulegok agupit ||

7. dhahar sarenya sinatru | tansah nênêdhèng Hyang Widi | wicitra alum mradapa | pindha dalancang winanting | wadyangrês sadaya miyat | ing gusti sri narapati ||

8. saha garwa radèn ayu | putri saking Pranaragi |

--- 27 : 79 ---

lagya arsaning akrama | kasapwèng nata akingkin | dènnyasor yudaning wadya | pugut langêning akrami ||

9. wadya kapracayèng ngimur | ing tikbranira sang putri | kang nama Ki Bangsantaka | umatur saha wotsari | dhuh gusti rakanta nata | sampun paduka prêpêki ||

10. darapon êning ing kalbu | têlêng tingaling Hyang Widi | purnaa pamintanira | sihing Hyang lanang ing jurit | yèn wus bêdhah Kartasura | gusti ing benjing agampil ||

11. anungkua siyang dalu | yèn sampun wontên jro puri | sang dyah alon angandika | nora iku sêdya mami | amung mlas ingsun tumingal | dene asrêpe kapati ||

Lajêng nyandhak jilid: 28.

--- 27 : [0] ---

Isinipun

164. Prabu Kuning ngêbroki kadhaton Kartasura. (Dhandhanggula). ... kaca 10

165. Ingkang Sinuhun Pakubuwana ngadhaton wontên ing Pranaraga. (Dhandhanggula). ... kaca 15

166. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II badhe angrêbat nagari Kartasura. (Dhandhanggula). ... kaca 37

167. Prajurit Pranaraga kasoran prangipun kalihan prajurit Kartasura. (Dhandhanggula, Durma). ... kaca 44

168. Radèn Martapura sulaya rêmbag kalihan Adipati Mangunonêng. (Durma, Asmaradana). ... kaca 64

169. Ingkang Sinuhun Pakubuwana II kapanggih kalihan Sunan Lawu. (Kinanthi, Pangkur). ... kaca 78