Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 31)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 01). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 02). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 03). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 04). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 05). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 07). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 08). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
9. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 09). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
10. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
11. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 11). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
12. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 12). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
13. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 13). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
14. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
15. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
16. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
17. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 17). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
18. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 18). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
19. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
20. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 20). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
21. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 21). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
22. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 22). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
23. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 23). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
24. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
25. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 25). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
26. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
27. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 27). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
28. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 28). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
29. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 29). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
30. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 30). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
31. Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024 (Jilid 31). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 07-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie No. 1289dd

Babad Tanah Jawi

Jilid: 31

Kadhaton Kartasura kapindhah dhatêng Dhusun Sala, ingkang lajêng nama Surakarta Adiningrat

Bale Pustaka - Batawi Sèntrum - 1941

--- 31 : [2] ---

Wêwênangipun ingkang ngarang kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600

--- 31 : 3 ---

Ngrêmbag pindhahipun kadhaton Kartasura dhatêng dhusun Sala [lanjutan].

56. ya ta tan antara lami | tuwan mayor praptanira | saking nagri Batawine | nanging sampun kalih warsa | tuwan mayor samana | taksih èngêt jroning kalbu | ing pangandika sang nata ||[1]

57. dènnya ngandika narpati | kala mayor praptanira | saking nagri Ngayogyane | ambêdhah ing Randhulawang | taksih nama Kumêndhan | pangandikanya sang prabu | anyêla ing puranira ||

58. panyêlane mring kang puri | dene wus tanpa lêksana | dhihin binêdhah Cinane | kapindho wus ngicak-icak | dening tiyang Madura | samana Mayor turipun | inggih lêrês sri narendra ||

59. nanging mayor tan ngaturi | yèn age ngaliha pura | nanging ginalih kemawon | tan alami antaranya | ing wulan panêlunya | komasaris praptanipun | nagara ing Kartasura ||

60. samana praptanirèki | komasaris Kartasura | pan akathah panuwune | dhumatêng sri naranata | asmu kwèh anglong praja | mila sangêt sang aprabu | dènnya amangun sungkawa ||

61. saantuknya komasaris | dhatêng nagari Samarang | samana ing sawingkinge | sang nata tansah kadriya | sowaking prajanira | kongsi mayor kesahipun | dhatêng nagari Samarang ||

62. kanthi Dyan Pringgalayèki |

--- 31 : 4 ---

tan alama nulya prapta | nanging ta taksih kagalèh | sang nata cowoking praja | kongsi mayor kesahnya | mring Batawi lampahipun | pangran dipati supitnya ||

63. sapraptanya ing Batawi | mayor panggihe lan jendral | myang para radpêni kabèh | mayor ngaturi uninga | dhatêng ing tuwan jendral | lamun kangjêng sang aprabu | anyêla ing puranira ||

64. kadya enggal tyas narpati | upama ingaturana | ngalih praja myang purane | tuwan jendral dêlingira | myang pra rad pên indhiya | sadaya pan sampun rêmbug | pracayèng mring mayorira ||

65. măngsa bodhoa sirèki | mayor gènnya karya arja | mring panjênêngan sang akatong |[2] miwah arjaning kang praja | tanah Jawa sadaya | ri sampuning karya putus | sakwèhing ponang bicara ||

66. mayor sampun pamit mulih | mring nagari Kartasura | samana ing sapraptane | matur ing jêng sri narendra | ngaturan nimbalana | sang nata mring putranipun | kang nama Pêrangwadana ||

67. samana duk dèn timbali | pangeran pamogokira | tan dados galihing katong | amung kang taksih kadriya | rêmpiting prajanira | samana ingkang winuwus | mayor arsa darbe rêmbag ||

68. dhumatêng sri narapati | wus wêling unjuking wadya | katur dhatêng sang akatong | yèn mayor arsa asowan | manjing ing dalêm pura | ya ta tinimbalan sampun | mayor prapta ngarsa nata ||

69. tumulya matur narpati | mayor mangkana aturnya | sampun dados [dado...]

--- 31 : 5 ---

[...s] galih katong | kawula ngaturi rêmbag | yèn sambada ing karsa | mênggah pura sang aprabu | miwah praja yèn sambada ||

70. luhung ingalih tumuli | saking tanah Kartasura | pan wus kacêtha awone | dhatêng ing paduka nata | kanggêg tyas sang narendra | angandika asmu sêndhu | hèh adhi iku nêngêna ||

71. anadene ingsun ugi | ing mêngko kawruhanira | durung mikir kang mangkono | saking sakwèh susah ingwang | pirabara ing benjang | sêdhêng rèrèh manah ingsun | pasthi ingsun arah-arah ||

72. tuwan mayor tan udani | yèn ruwêt tyasing narendra | sigra dènnya matur malèh | ature mayor mangkana | inggih atur kawula | kumapurun ing sang prabu | yèn ta upami wandea ||

73. paduka angalih puri | saha mangun ngalih praja | dados punapa wakingong | pasthi tugêl ulun jăngga | dening uni kawula | paduka sampun asung wruh | dhumatêng pun kaki jendral ||

74. yèn saèstu padukaji | amrih wilujêng kawula | sampun sapunika katong | aluwung kalampahana | sampun dados cangcalan | pan ulun amrih arjagung | ing pênjênêngan paduka ||

75. dening paduka manawi | wontên sumêlanging driya | kapanggih ulun ing têmbe | nanging pakaryan punika | sampuna kalampahan | sang nata kèndêl ing wuwus | miyarsa mayor aturnya ||

76. angartika jroning galih | ing wau sri naranata | apan rinaos têmahe |

--- 31 : 6 ---

arjaning kang panjênêngan | ya ta sampun kadriya | ing purwa wusananipun | nulya sang nata ngandika ||

77. mring mayor lah iya adhi | yèn mangkono karsanira | paran ênggon ingsun lumoh | nanging ta sira pikira | lawan Si Pringgalaya | katri Si Sindurêjèku | dening yèn wis sira rêmbag ||

78. yèn bêcike wus kapanggih | ing rêmbugira katiga | ngaturana wruh maring ngong | mayor inggih aturira | nuntên tinundhung mêdal | mayor dhatêng pondhokipun | anuntên ing enjingira ||

79. nuju ing dintên Rêspati | Dyan Dipati Pringgalaya | Dipati Sindurêjane | kalih pan sami asowan | kang jinujug ing lampah | tuwan mayor pondhokipun | sampuning tata alênggah ||

80. tuwan mayor sigra angling | martèkakên saandika- | nira kangjêng sang akatong | mênggah gumingsira pura | Dipati Pringgalaya | mangkana ing sauripun | singaa kinarsakêna ||

81. dhumatêng sri narapati | sayêkti punika dadya | nanging pamiyarsaningong | duk ing alam sapunika | Kiyai Danurêja | sampun kapikir rinêmbug | yèn kadhaton sampun tuwa ||

82. dene kang rinêmbag sami | yèn sang nata ngarsakêna | gumingsira karatone | mênggah kidul kang rinêmbag | kiwa têngêning Pokak | dening kilèn kang rinêmbug | ing Pêngging kiwa têngênnya ||

83. yèn mangalèr ing Kadinding | punika ingkang rinêmbag | ngajêngêna lèpèn Pepe | nanging ingkang mênggah wetan | tuwan [tu...]

--- 31 : 7 ---

[...wan] datan rinêmbag | milanipun tan rinêmbug | yèn sang nata ngadhatona ||

84. sawetaning puri lami | sakilèning kitha Pajang | winastan kapi têmahe | yèn upami ngadhatona | wontên nagari Pajang | sakalangkung awonipun | winastan mangsuli tinja ||

85. mila dipun wirayati | tuwan kadi sapunika | dene ing Pajang unine | apan ingkang têtilasan | nagri sampun binêdhah | mring wong agung ing Matarum | mila dados ila-ila ||

86. sigra anambungi angling | Adipati Sindurêja | inggih lêrês wirayate | Radèn Dipati ngandika | lan malih kula mirsa | tuwan ing wirayatipun | yèn kadhaton angaliha ||

87. dhatêng sawetan banawi | nagari Jawi punika | lamat dhatêng Buda malèh | angling Radèn Pringgalaya | paman yèn makatêna | saya awon wastanipun | Tuwan Mayor Ondrop mojar ||

88. lah kadipundi puniki | gèn matur dhatêng susunan | Dyan Pringgalaya dêlinge | yèn suwawi jêngandika | kula aturi tuwan | priksa piyambak rumuhun | sanadyan tuwan konjuka ||

89. dhumatêng sri narapati | inggih sampun atêngara | gèn sami mariksa dhewe | tuwan mayor dêlingira | yèn kadi sapunika | lah suwawi besuk-esuk | mila lumampah piyambak ||

90. wusing rêmbug sami mulih | enjingipun kawarnaa | sampun sami pêpak malèh | nèng ngarsaning mayor samya | tuwan mayor gya mojar | lah dawêg sami lumaku | nanging

--- 31 : 8 ---

mangke rêmbagira ||

91. dhatêng ing radèn dipati | miwah Kyai Sindurêja | sampun bêkta akèh-akèh | têtiyang ingkang tut wuntat | kula aturi samya | ambêkta ingkang tut pungkur | kang kêkapalan kewala ||

92. ri sampuning rêmbag sami | samana sami umangkat | dhatêng ing Pêngging lampahe | lajêng ngalèr lampahira | ing Kadinding jinajah | laju ngetan kang jinujug | ing Pajang ingkang jinajah ||

93. kèndêl lampahira sami | anjajah pemahan Pajang | nanging kidul kang ginêpok | ing Pokak tan pinariksa | apan wus winatara | lamun sangkèk toyanipun | sawusnya kèndêl ing Pajang ||

94. nuntên lajêng ngetan malih | anjujug dhusun ing Sala | kang jinajah pemahane | Ngabèi Kartinagara | lajêng dènnya anjajah | nurut bangawan mandhuwur | kandhêg dhusun Panusupan ||

95. wangsul dhatêng Sala malih | sami kèndêl lampahira | nèng pêkên Sala alèrèn | soring kajêng bibis samya | tuwan mayor ris mojar | lah kadipundi ing rêmbug | ing mangke ki adipatya ||

96. tuwin rahadèn dipati | inggih kintên jêngandika | ingkang ing pundi patute | yèn kadamêla kadhatyan | miwah loji prênahnya | priyayi kalih lingipun | măngsa borong karsa tuwan ||

97. tuwan mayor angling malih | yèn sambada lan andika | lan yèn marêngi karsane | inggih kangjêng sri narendra | amung ing ngriki uga | sayêkti prayoginipun | sanadyan silih [si...]

--- 31 : 9 ---

[...lih] wontêna ||

98. awoning siti sakêdhik | sakintên-kintên kewala | sok ugi dadosa têmbe | praja gampil dinandanan | milane sapunika | gèn kula agadhah rêmbug | inggih manawa ing benjang ||

99. wontên karsane sang aji | dhatêngakên kajêng jatya | saking ing Ardikidule | datan sangêt susahira | tiyang alit punika | kalihan ta malihipun | ing kintên-kintên kawula ||

100. ing ngriki puniki benjing | yèn siyos dados nagara | tan kongsi awis pantun wos | sanadyan botên mêdala | angsalipun sêsawah | tiyang kiwa têngênipun | ing ngriki puniki benjang ||

101. sok kawêdalana ugi | nagari ing Pranaraga | pasthi uwos lan pantune | adhatêng ing ngriki benjang | tuwin sring[3] naranata | yèn ngarsakêna ing besuk | utusan mring Surabaya ||

102. miwah dhatêng ing Garêsik | inggih ta makatên uga | sawab kanthi toya gêdhe | Dyan Pringgalaya lingira | inggih alêrês tuwan | nanging tuwan têmbungipun | tiyang ing ngriki punika ||

103. inggih ing Sala puniki | yèn mangsaning rêrêndhêngan | kang pemahan sawarnine | sami kaleban ing toya | tuwan mayor lingira | tan punapaa puniku | radèn kang dhasar wus kambah ||

104. dhatêng ing têtiyang malih | yèn Kumpêni kèwêdana | sanadyan bumi kang dèrèng | kambah dhatêng ing têtiyang | Kumpêni tan kèwêdan | akarya ing pênêdipun | ri sampuning karya rêmbag ||

--- 31 : 10 ---

105. nuntên samya bubar mulih | dhumatêng ing Kartasura | wontêndene sawingkinge | têtiyang Sala sadaya | samya susah manahnya | myang kang mêndhêm darbèkipun | nuntên sami dhinudhukan ||

106. wênèh ana anangisi | kuburing kaki myang yayah | dening prayayi sakèhe | kang mantuk mring Kartasura | dalu praptaning wisma | anuntên ing enjingipun | sami sowan ing sang nata ||

107. lajêng sami dèn timbali | dhumatêng sri naranata | sapraptaning ngarsa katong | punapa sarêmbagira | kala wontên ing jaba | sampun katur ing sang prabu | sang nata aris ngandika ||

108. dhatêng ing pêpatih kalih | Pringgalaya Sindurêja | iku kapriye bêcike | mungguh sira Pringgalaya | miwah Si Sindurêja | dening aturira iku | apa orawèh wêruha ||

109. marang nagara Samawis | kang tinantun aturira | sumăngga ing karsa katong | ewa gusti sapunika | kadospundi aturnya | sudara paduka Hondrup | dhumatêng sri naranata ||

110. anulya mayor tinari | dhumatêng sri naranata | langkung jumurung ature | yèn sampun trang karsa nata | gya samya kinèn mêdal | tuwan mayor ing puragung | nulya kangjêng sri narendra ||

111. animbali wadya carik | kinèn adamêla sêrat | ri sampuning sêrat dados | sigra sinungakên enggal | mring mayor wus tinampan | pan linajêngakên gupuh | dhatêng nagari Samarang ||

112. sadhatênge ing Samawis | kang sêrat sampun tinampan |

--- 31 : 11 ---

mring kumêndhur wus winaos | sawiraose kang sêrat | pan sampun tinupiksa | anuntên tuwan kumêndur | ngaturi srat wêwangsulnya ||

113. ungêle kang ponang tulis | kang badhe konjuk narendra | mungêl kumêndur ature | anarah anut sakarsa | karsa sang sri narendra | kang sêrat binêkta sampun | sapraptaning Kartasura ||

114. sampun katur ing narpati | ing sêrat dyan tinupiksa | wus kadriya saraose | dhumatêng sri naranata | andikannya sang nata | dhumatêng Mayor Hogondrup | hèh adhi Hondrup lah sira ||

115. kang lumakua pribadi | iya maring desa Sala | karo Si Pringgalayane | katêlu Si Sindurêja | kapat Si Wirajaya | ing prênahing loji iku | kalawan kadhaton ingwang ||

116. ingsun apitaya uwis | Pringgalaya maring sira | sira rêmbuga wong roro | adhi mayor katêlunya | katri aywa salaya | sadaya ingkang tinuduh | sami umatur sandika ||

117. wus sami tinundhung mijil | enjingipun kawarnaa | wus sami mangkat lampahe | dhumatêng dhusun ing Sala | samya bêkta dandanan | kèrèk lawan cêngkalipun | sapraptaning desa Sala ||

118. wus amrênahakên sami | ênggèn kadhaton sang nata | lawan prênahe lojine | wontêndene kang nyênyêngkal | Kiyai Wirajaya | sarêng sontên sami mantuk | dhatêng nagri Kartasura ||

119. samana aganti warsi | lajêng pangeran supitnya | anuju ing taun Êje |

--- 31 : 12 ---

panyêngkaling dhusun Sala | badhe karya kadhatyan | sêngkala sirnaning gunung | angobahakên pratala |[4]|

120. kunêng kawarnaa malih | samana nagri Samarang | nuju anyar kumêndure | Sêtèrênbèrêh namanya | lama dènnyarsa minggah | mring nagri Kartasurèku | lir anganti guladrawa ||

225. Dhandhanggula

1. kumêndur apan sampun alami | dènirarsa minggah Kartasura | asowan dhatêng sang natèng | nuntên ing Ruwahipun[5] | kumêndur inggahira malih | dhatêng ing Kartasura | kang umiring agung | Ki Răngga Yudanagara | ing Samarang sakadangira umiring | tan kawarna ing marga ||

2. sapraptaning dhusun Bayalali | sipêng sadalu enjinge bubar | ya ginêlak ing lampahe | kawarnaa sang prabu | sampun bubar saking nagari | dhatêng ing Toyadana | lampahe amêthuk | kumêndur ing praptanira | lampahira nèng marga ngêbêki margi | wus praptèng Toyadana ||

3. wus pinarêk kangjêng sri bupati | ing tarub agung saha wadyaglar | ambèr ngèbêki papane | nanging datan adangu | sri narendra dènnya siniwi | munggwing ing palênggahan | kumêndur gya rawuh | wus tumurun saking kuda | sri narendra têdhak dènira siniwi | cundhuk arêrangkulan ||

4. nulya ararywan tata alinggih | kumêndur saha upêsirira | lajêng wus lumrah larihe | mayor gènnya alungguh | tan kenging sah lawan narpati | tan adangu gya bubar | nata myang kumêndur | arsa uninga ing Sala | apariksa badhe puraning narpati |

--- 31 : 13 ---

myang loji doh parêknya ||

5. enjing mangkat mayor kang umiring | kumêndur prapta ing dhusun Sala | anulya pinariksage | prênahing lojinipun | lan têbihing pura narpati | wus sami pinathokan | duk panyêngkalipun | ri sampuning pinariksa | kumêndur mring badhe prajaning narpati | anulya sami bubar ||

6. mantuk dhatêng mring Kartasurèki | kumêndur prapta ing Kartasura | kumêndur mayor praptane | ingkang tansah rinêmbug | Mangkuyuda Mangkuprajèki | wau pangrêgunira | anèng desa Kêdhu | rinêmbag amrih icala | pangrêgune ywa dados karyaning alit | kumêndur pan asagah ||

7. ri sampuning arêmbag anuli | enjingira Kumêndur umangkat | dhatêng ing Kêdhu sêdyane | tuwan mayor tan kantun | myang Walănda dragundur ngiring | dening punggawa Jawa | kang tumut kumêndur | Ki Răngga Yudanagara | ing Samarang sakadangira tan kari | ginêlak lampahira ||

8. sapraptanira kilèning ardi | kumêndur mayor ing lampahira | datan kandhêg panandêre | kang umiring kwèh kantun | myang dragundêrira tan kari | lampahnya sigra prapta | mayor lan kumêndur | ing pondhoknya Mangkuyuda | Mangkupraja samana sampun apanggih | mayor kumêndur sira ||

9. lan Mangkuyuda Mangkuprajèki | apan sampun sami têtabean | wus sami tata linggihe | eca ing manahipun | Mangkuyuda Mangkuprajèki | danguning eca lênggah | punggawa kang kantun | Mas Răngga Yudanagara | sakadange miwah

--- 31 : 14 ---

sawadyanirèki | dragundur sarêng prapta ||

10. lajêng sami asipêng sirèki | sawadyanira wus sinêgahan | sapakantuk ing akagèt | kumêndur pan sadalu | lawan mayor angaring-aring | mring tyasnya Mangkuyuda | lan Mangkuprajèku | dening Mangkuyuda lawan | Mangkupraja wus tan darbe tarkèng galih | yèn arsa kabêktaa ||

11. kumêndur mayor amung salatri | dènnya sipêng nèng Kêdhu samana | nulya apamit enjinge | dènira arsa mantuk | wadyanira pinêpak sami | dragundur myang wong Jawa | samêkta wus kumpul | tuwan mayor sigra ngatag | mring Mangkuyuda Mangkupraja tinuding | ingatêr anèng marga ||

12. mring kumêndur mantuk mring Samawis | sukur yèn kongsi prapta Samarang | yèn tan prapta satutuge | Dyan Mangkupraja sampun | asamêkta saos ing tuding | nanging Ki Mangkuyuda | mopo aturipun | dawêg sagêd aturira | wontêndening tuwan mayor pêksa ngudi | tan kenging pinopoa ||

13. Mangkuyuda ingatag tan kènjik | kaku ing tyas mayor sigra ngatag | tambur kinèn mungêl êdrèl | swaranira gumrudug | wadya Kêdhu mawut sumingkir | dening Ki Mangkuyuda | niba apikantu | Mangkupraja wus umangkat | Mangkuyuda kinaryakkên ăndha êpring | tinangsulan kewala ||

14. tan adangu andhanya wus dadi | Mangkuyuda gya ginotong ăndha | ginarêbêg ing wadyakèh | tan kawarna ing ênu | lampahira kumêndur prapti | aran dhusun Ungaran |

--- 31 : 15 ---

mayor sigra wangsul | mantuk dhatêng Kartasura | kawarnaa kumêndur praptèng Samawis | binêlok Mangkuyuda ||

15. Mangkupraja ingkang dèn parèsi | anèng gêdhong prênahnya rinêksa | tan kenging ngangge dhuwunge | kunêng ingkang winuwus | tuwan mayor praptanirèki | nagri ing Kartasura | pan sampun umatur | ngaturi uningèng nata | sasolahe sadaya katur narpati | suka tyas sri narendra ||

16. ri sampuning mangkana anuli | tuwan mayor mijil saking pura | sapraptane ing pondhoke | antara dina sampun | enjingipun Radèn Dipati | Pringgalaya duk prapta | lan Sindurêjèku | ing pondhoke mayor sira | kang rinêmbag lan mayor mungguhi kardi | gènnyarsa babad Sala ||

17. sampun rêmbag ing atur upaksi | mring sang nata pan sampun linilan | mayor sarêmbag-rêmbage | sampuning samya rêmbug | nulya sami umangkat enjing | Rahadèn Pringgalaya | myang Sindurêjèku | tuwan mayor pangiridnya | sapêrabot ababad datan akari | sapraptèngira Sala ||

18. nulya tatrap sami nambut kardi | wadyalit wênèh ana ababad | wênèh nêgor kêkayone | nanging kala puniku | mayor lan Dyan Pringgalayèki | katiga Sindurêja | sontên sami mantuk | ri sampuning sapunika | Rahadèn Pringgalaya aturirèki | sabên dintên mring Sala ||

19. sontên mantuk angkatira enjing | saking nagari ing Kartasura | saya alami rahadèn [raha...]

--- 31 : 16 ---

[...dèn] | nulyanjrak lampahipun | ênggènira anjêjênêngi | mring tiyang nambut karya | dening pondhokipun | Dyan Dipati Pringgalaya | kidul pêkên Sala ingkang dèn pondhoki | nanging kala samana ||

20. yèn tuwan mayor kala dhingini | dhatêng Dyan Dipati Pringgalaya | lêt tigang dintên dhatênge | kadhang sapêkênipun | êlêtira mayor yèn prapti | dhatêng dhusun ing Sala | pêparentah sampun | wong cili samya ingatag | ngusung banon dening ingkang dèn usungi | banon Bajang Lawiyan ||

21. dening pamêndhêting banon sami | kongsi ambubrah banon sêtana | miwah kang warni mêsjide | binubrah pagêripun | mung sêtana agêng kang maksih | sêtana ing Langkungan | saha mêsjidipun | punika kang taksih wêtah | datan wontên purun ingkang amêndhêti | mayor apêparentah ||

22. kinèn sami amêndhêta gamping | dhatêng dhusun kang aran Sidêda | badhe kinarya labure | nanging kala puniku | Jêng Pangeran Prangwadanèki | pan taksih angkah mêngsah | tansah dados riwuk | ing wong lumampah ing karya | duk samana nanging tan ingupakardi | mring kang anambut karya ||

23. nanging ingkang tansah dados galih | dhatêng priyayi kang nambut karya | kang darbe Sokawatine | sadaya sami katur | dhatêng Radèn Pringgalayèki | ingkang sami tinêdha | sakwèh ingkang dhusun | kang samya tumut Pangeran | Mangkubumi tinêdha udhune sami | ing padamêlanira ||

24. kang kiwa matur [ma...]

--- 31 : 17 ---

[...tur] Sindurêjèki | kang têngên matur Dyan Pringgalaya | apan sami panuhune | udhune damêlipun | dhusunira ing Sokawati | ingkang tumut Pangeran | Amangkubumèku | nulya Radèn Pringgalaya | lan Sindurêja apirêmbagan sami | mring mayor rêmbagira ||

25. rêmbag amrih konjuk ing narpati | nanging mayor dahat datan rêmbag | yèn konjuka ing sang rajèng | milanira tan rêmbug | mayor yèn konjuka narpati | sampun ngathahkên mêngsah | ing pamurihipun | mangkana mayor lingira | luwung kula radèn utusan kariyin | dhatêng ing Sokawatya ||

26. kula palampahe pakaryaning | wong Sokawati tumut anggarap | loji Sala panggawene | gampil puniku besuk | yèn Pangeran Amangkubumi | sampun sowan piyambak | mariki ing besuk | ri sampuning sampun rêmbag | sigra mantuk katri lampahira prapti | nagri ing Kartasura ||

27. enjing wangsul Dyan Pringgalayèki | dhatêng Sala mayor tumulyènggal | sampun lumampah dutane | dening ingkang jinujug | Jêng Pangeran Amangkubumi | mring mayor dutanira | pangran wus katêmu | duta ingkang pinalampah | padamêlanira wong ing Sokawati | anggarap loji Sala ||

28. ya ta Pangeran Amangkubumi | datan èwêd pangandikanira | dhatêng anglêgani age | ing sapanjalukipun | ponang duta wus dèn saosi | kang badhe nambut karya | duta amit sampun | dhatêng Pangran Mangkubumya [Mangku...]

--- 31 : 18 ---

[...bumya] | wus linilan ambêkta wong Sokawati | wus pamit sigra mêsat ||

29. tan winarna lampahirèng margi | ponang duta praptèng dhusun Sala | wus katur sabêbêktane | mring Dyan Pringgalayèku | parentahe mayor ing nguni | kinèn angêsrahêna | antuk-antukipun | dhatêng Radèn Pringgalaya | wong ing Sokawati sampun dèn tampèni | wus sinungan bubuhan ||

30. bubuhannya kang lèr wetan nênggih | atêpung lawan tiyang Toyamas | duta wus lajêng lampahe | dhatêng Kartasurèku | suka wikan mring mayor nênggih | yèn tiyang Sokawatya | karyanya wus mudhun | tumut garap loji Sala | tuwan mayor dahat lêganirèng galih | ya ta kala samana ||

31. sêdhênge sami anambut kardi | wontên mantrine sri naranata | Ki Ănggawăngsa wastane | tumut golongan Sèwu | ênggènira sami alinggih | apan ragi angiwa | prênahe alungguh | rencangnya alêlinggihan | pêpatihe Rahadèn Pringgalayèki | Ănggawăngsa awarta ||

32. yèn ing Bagêlèn wontên rumiyin | têtiyang ingkang alul wirayat | mangkana ing wirayate | inggih puniki besuk | mungguh loji Sala puniki | ingkang sami kinarya | puniki ing besuk | cêthane kang awirayat | kang binadhe kongsi kanggenan Kumpêni | malah tan kongsi dadya ||

33. dene kang loji puniki benjing | yèn kongsia dadi lan kanggenan [kang...]

--- 31 : 19 ---

[...genan] | dhumatêng ing Kumpênine | cinêtha tiyang Kêdhu | myang Bagêlèn tan wontên prapti | seba mring Kartasura | ing panyêthanipun | lingira kang tinuturan | tanya malih punapa prakawisnèki | kang wirayat punika ||

34. dening Kêdhu Bagêlèn ing benjing | binadhe kongsi botên asowan | kalamun dados lojine | punapa sawabipun | punapa puruna Kumpêni | Ki Ănggawăngsa mojar | dèrèng sapuniku | bilih mantuk alam Pajang | panjênêngan Kêdhu Bagêlèn ing benjing | mantuk ing Pamaosan ||

35. kawarnaa kangjêng sri bupati | samana anglampahakên duta | kang dinuta wadya gandhekya |[6] saha sêrat sang prabu | kang pinundhi lampahirèki | dhatêng ing Pranaraga | animbali wau | dhatêng Dyan Suradiningrat | lampahira tansah anamur ing margi | lagi anyolong lampah ||

36. mila mangkana lampahirèki | dening Pangeran Pêrangwadana | ingkang dados riwuk gêdhe | sakwèh têtiyang dhusun | ingajanan bêbegal sami | Matesih pangalèrnya | wakêde riniwuk | mangidul minggah ing arga | pangriwuking têpung lan wadyanirèki | Pangeran Buminata ||

37. nanging kalamun dipun lurugi | mring dêdamêl agêng Kartasura | anadene Kumpênine | ya enggal bubarin |[7] yèn tinilar gya ngadêg malih | wau dutaning nata | gandhèk lampahipun | wus prapta ing Pranaraga | duta nata apanggih lan Radèn Adi- | pati Suradiningrat [Suradining...]

--- 31 : 20 ---

[...rat] ||

38. surat dalêm pinatêdhak aglis | dhatêng Rahadèn Suradiningrat | tinampèn pinundhi age | tiniyup munggwing êmbun | wus tiniyup tinupiksaglis | saungêling nawala | tamat raosipun | sampuning nupiksa sêrat | Dyan Dipati Suradiningrat lingnyaris | mring dutaning narendra ||

39. pundi margi dika praptèng ngriki | duta matur inggih margi lama | margi sampeyan lamine | duk sampeyan karuhun | sowan dhatêng sri narapati | inggih margi punika | ingkang kula turut | dipati malih atanya | Pangran Prangwadana mangke wontên pundi | dutangling Nglaroh gènnya ||

40. Dyan Suradiningrat wus anuding | akarya sêrat wêwangsulira | badhe konjuk ing sang rajèng | wus dadya suratipun | agya sinungakên tumuli | mring dutaning narendra | sapasangonipun | sigra mêsat saking ngarsa | ponang duta prapta ing Kartasurèki | surat katur narendra ||

41. wus binuka ingkang ponang tulis | ingkang saking nagri Pranaraga | apan mangkana ungêle | wus sêmbah bêkti katur | de kawula ngandikan gusti | inggih dhatêng sandika | nanging atur ulun | wontêna inah paduka | de kawula dawêg nglêmpakakên gusti | wadya măncanagara ||

42. dene yèn sampun ngalêmpak gusti | wadya paduka măncanagara | kawula umangkat age | sowan dhatêng sang prabu | wusing tamat kang ponang tulis | sang nata angandika |

--- 31 : 21 ---

dhatêng Mayor Hondrup | iki mayor wus akalnya | Si Pranaraga kaya mangkene iki | tuwan mayor turira ||

43. inggih atur kawula agampil | yèn makatên tiyang Pranaraga | benjing ngenggalakên malèh | ri sampun mangkanèku | kawarnaa kang ngrêrèwêgi | Pangeran Prangwadana | rencangnya sayagung | saya ngalor panyorognya | sampun katur mring Pangeran Mangkubumi | kang anèng Majarata ||

44. kagyat ing tyas Pangran Mangkubumi | ingaturan uninga ing wadya | yèn Pangran Prangwadanane | gènnya angirup-irup | saya ngalèr mèh praptèng ngriki | jajahan Sokawatya | kang kidul kairup | bramatyèng tyas Jêng Pangeran | Mangkubumi anulya amêpak dasih | arsa mangsah ing rana ||

45. sampuning pêpak wadyanirèki | saha prajuritnya wus apêpak | kang minăngka pangagênge | tiyang Sokawatyèku | ya Tumênggung Săntarêjèki | pangeran angandika | mring Săntarêjèku | hèh tumênggung karsaningwang | ingsun arsa kongkonan atur upêksi | marang ing Kartasura ||

46. lan anuhun têtindhih narpati | Săntarêja aris aturira | paduka langkung asae | pangran sigra anuduh | dutanira atur upêksi | dhatêng sri naranata | yèn lampahnya maju | gitik Pangran Prangwadana | duta mêsat Jêng Pangeran Mangkubumi | bubar sing Majarata ||

47. ing Kajêngapak kang dipun jogi | tan winarna lampahira

--- 31 : 22 ---

prapta | ing desa Kayuapake | pangran makuwon sampun | saha bala apacak baris | ngèbêki ngara-ara | wadyanira agung | rumêksèng gusti barisnya | ngajêng wingking myang kanan kalawan kering | pangran munggwing ing wadya ||

48. wadya arahan kiwa têngêning | Kajêngapak pan tarub sadaya | kang minăngka yun-ayune | wadyanira sang prabu | wadya magang golongannèki | nami Ki Tirtayuda | tiyang saking Gubug | puniki kang pinitayan | mring pangeran arahan kang dèn tindhihi | barisnya munggwing wetan ||

49. dutanira Pangran Mangkubumi | wau kang dinutatur uninga | dhatêng ing Kartasurane | tur uningèng sang prabu | sapraptane katur narpati | yèn nuhun abdi nata | têtindhih prangipun | wadya gandhèk kang tinêdha | sri narendra sigra dènnya animbali | mayor wus praptèng ngarsa ||

50. sri narendra angandika aris | adhi mayor paran karsanira | ing mêngko iki bêcike | adhi Mangkubumèku | anuhun têtindhih ing mami | gandhèk ingkang tinêdha | paran baya iku | mayor aris aturira | yèn sêmbada ing karsa paduka aji | sampun tanggêl ing lampah ||

51. lêng sinungan têtindhih Kumpêni | dadosa pikêkahing ayuda | sang nataris andikane | măngsa bodho sirèku | lêwih karêpira ing mangkin | mayor wus sami mêdal | praptèng pondhokipun | sampun amatah sirènggal | wong Kumpêni ingkang kinarya têtindhih | ran Alpèrès Parêmas ||

--- 31 : 23 ---

52. dene kang badhe dhèrèk ing margi | Kumpêni wau ing lampahira | wadya magang sakathahe | wus sinuwun sang prabu | pan linilan ngatêr Kumpêni | dening pangagêngira | Dyan Endranatèku | lawan Ki Citradiwirya | punika bêbêkêling magang sakèhing | dadya pangirid lampah ||

53. wusing samêkta umangkat enjing | tan kawarna ing marga wus prapta | ing Sala sami arèrèn | anuju wanci bêdhug | wus gumiwang umangkat sami | saking pêkên ing Sala | sami nabrang sampun | lajêng lampahe angetan | kawarnaa Pangeran Amangkubumi | kang anèng Kajêngapak ||

54. sampuning têntrêm barisirèki | duk samana Pangran Prangwadana | nulya prapta sabalane | anggitik ing prang pupuh | mring Pangeran Amangkubumi | nanging pangran apanggah | datan kêna keguh | arame dènira aprang | Pangran Prangwadana yudanya angukih | amêksa katadhahan ||

55. atêmahan kawon prangirèki | Pangran Prangwadana wus lumaywa | pan angidul palayune | anuntên enjingipun | wanci andhap Kumpêni prapti | saking ing Kartasura | têtindhih prang pupuh | aran Alpèrès Parêmas | bêbêktane mung kalih wêlas Walandi | satus Kumpêni Islam ||

56. nuntên Pangeran Amangkubumi | sapraptane Kumpêni amapag | jawining pasanggrahane | atêtabean sampun | alpèrès lajêng kinanthi |[8] mring Pangran Mangkubumya |

--- 31 : 24 ---

wus tata alungguh | nanging Pangran Mangkubumya | asmu kewran ing tyas praptaning Kumpêni | nanging datan ngatara ||

57. wus pinarnah ing pondhokirèki | Kumpêni dening kang wadya magang | kang sami andhèrèkake | amung sipêng sadalu | enjing mangkat mantuk siraglis | mring nagri Kartasura | Dyan Endranatèku | ing wuri kang kawarnaa | wong Kumpêni lan Pangeran Mangkubumi | manahe mundur mara ||

226. Durma

1. duk samana anulya sami anglarag | ngidul purugirèki | dening kang linarag | Pangran Pêrangwadana | apan datan amanggihi | dadya uripan- | nira[9] wong Sokawati ||

2. apan saya angidul jajahanira | nanging manahirèki | dahat susahira | têtiyang Sokawatya | nyăngga têdhaning Kumpêni | dhasar Parêmas | kêrêng parentahnèki ||

3. nulya Pangeran Mangkubumi saksana | nglampahakên dutaglis | dhatêng Kartasura | canthèl unjuk sang nata | prakawis wadya Kumpêni | katimbalana | tan kawawi kang abdi ||

4. yèn amarêngi wontên lilan narendra | anuhun ingkang abdi | gandhèk nindhihana | ing salampah kawula | lan kawula nuwun mantri | pun Sumayuda | Puluhwatu lan malih ||

5. pun Pulangjiwa inggih binêktakêna | sang nata anglilani | sapanuhunira | Pangeran Mangkubumya | anulya dipun timbali | Alpèrès Prêmas | sa-Kumpêninirèki ||

6. wadya

--- 31 : 25 ---

gandhèk pan Wirasari myang Pulang- | jiwa Sumayudèki | wus kinèn umangkat | dhatêng ing pabarisan | lampahira sigra prapti | ing pabarisan | lan pangeran wus panggih ||

7. ya ta Pangeran Mangkubumi samana | enggar galihirèki | nulya angandika | pangran mring Sumayuda | tuwin mring Pulangjiwèki | Ki Sumayuda | mungguh laku puniki ||

8. miwah Ki Pulangjiwa lah pakênira | lan manira puniki | ingkang tinindhihan | marang priyayi kănca | gandhèk ingkang anindhihi | mangkin anêdha | prajanjiyan lan mami ||

9. ênggèh singa ingkang boya tumêmêna | ing pakarya narpati | prajanji manira | plocot-pinalocotan | nadyan manira puniki | kalamun boya | tumêmên karya aji ||

10. pakênira alapên jaran manira | Sumayuda turnèki | lan Ki Pulangjiwa | aturnya mring pangeran | kawula dhatêng umiri[10] | karsa sampeyan | sampuning aprajanji ||

11. nuntên enggal mangkat saking Kajêngapak | saha wadyanirèki | wau lampahira | samargi angrêrayah | kêbat lampahira nuli | ing padhusunan | ing Aribaya prapti ||

12. ri sampuning rêrêb sami pabarisan | anèng Aribayèki | wau kawarnaa | Pangran Pêrangwadana | nèng Laroh gènnya umrêgil | dupi miyarsa | lamun dipun dhatêngi ||

13. dhatêng ingkang paman Pangran Mangkubumya | nuntên têngara aglis | Pangran Prangwadana | mêpak dêdamêlira | sampuning samêkta sami | mangkat [mang...]

--- 31 : 26 ---

[...kat] sirènggal | ing Aribaya prapti ||

14. wus kapêthuk dhatêng ing dêdamêlira | Pangeran Mangkubumi | gya atur uninga | wadya Kaprangwadanan | dhatêng ing gustinirèki | yèn pangarsanya | Pangeran Mangkubumi ||

15. sampun panggih kalawan kang ponang mêngsah | sumanggèng karsa gusti | sigra majêng sira | Pangran Pêrangwadana | anata barisirèki | piyambakira | wontên kilèn mêkasi ||

16. Pangeran Mangkubumi dupi uninga | gènnya atata baris | Pangran Prangwadana | yèn kadi sapunika | anulya dipun timbangi | ya ta kang wadya | pinarnah wetan sami ||

17. sira Pangeran Mangkubumi piyambak | wontên kilèn mêkasi | sigra kang pangawat | wetan campuh ing yuda | arame bêdhil-binêdhil | dènira aprang | bêrêg-binêrêg sami ||

18. wong Kamangkubumèn apan kathah pêjah | dadya pêrangirèki | kang pangawat wetan | wadyanira Pangeran | Mangkubumi wus kalindhih | palajêngira | samana wus atêbih ||

19. apan kongsi dhatêng dhusun Samêdhangan | palajênging wadyalit | wênèh palajêngnya | apan mingêr kewala | wong Kamangkubumèn sami | nèng wingkingira | Pangeran Mangkubumi ||

20. wadya Kaprangwadanan angêlud sira | sarwi sira bêdhili | wadya Jêng Pangeran | Mangkubumi kinêpang | Pangran Prangwadana nuli | majêng saksana | nanging dipun tanggahi ||

21. dhatêng Pangran Mangkubumi pamajêngnya | Pangran Prangwadanèki | wus panggih samana | sami ajêng-ajêngan | Pangran Mangkubumi [Mang...]

--- 31 : 27 ---

[...kubumi] angling | marang ing sira | Pangran Prangwadanèki ||

22. hèh kulup mundura sira kari tuwa | sira kalawan mami | Pangran Prangwadana | asugal saurira | măngsa anumbaka warsi | sarya amanah | adrês pamanahnèki ||

23. songsongira Pangeran Amangkubumya | ajur kenging jêmparing | nulya panongsongnya | pupunya kêni panah | andheprok sambat ing gusti | kagyat Pangeran | Mangkubumi ningali ||

24. lamun panongsongira kêna ing panah | pangran sangêt wlasnèki | bramatya ing nala | pan sarwi angandika | ora dene bocah iki | têka tan kêna | iya sun gawe bêcik ||

25. ya mundura mati sun bêdhil ing sira | Pangran Prangwadanèki | taksih datan kêna | kèndêl pamanahira | sigra anulya binêdhil | dhatêng Pangeran | Mangkubumi tan kêni ||

26. saya tan kèndêl wau pamanahira | Pangran Prangwadanèki | wau wontên wadya- | nya Pangran Mangkubumya | tiyang kambang namanèki | pun Tambakyuda | mudhun saking kudaglis ||

27. dipun kalar cinancang lambung kudanya | mingêr lampahirèki | mêdal wingkingira | Pangran Pêrangwadana | wontên pêpatihirèki | sira Pangeran | Prangwadana ngampingi ||

28. Sindurêja namane pêpatihira | Pangran Prangwadanèki | wau duk tumingal | dènnya prang gustinira | kamitênggêngên ningali | sigra tinumbak | mring Ki Tambakyudèki ||

29. ingkang kêna pupunya Ki Sindurêja | mèh kajêngkang anuli | kêbat panyandhaknya | sêsurining [sêsu...]

--- 31 : 28 ---

[...rining] kang kuda | sarya angucap aririh | gusti kawula | tiwas anandhang kanin ||

30. Pangran Mangkubumi anulya anyandhak | waosira pinusthi | arsa angrukêta | mring Pangran Prangwadana | gya Pangran Prangwadanaglis | mundur saksana | ngalingi kang pêpatih ||

31. lajêng undurira binêrêg saksana | mring Pangran Mangkubumi | sinuk pambêrêgnya | sami inggah ing arga | ya ta kasaput ing latri | wus wangsul sira | Pangeran Mangkubumi ||

32. dhatêng Aribaya malih wangsulira | amasanggrahan nuli | nuntên enjingira | sakathahing kang wadya | kang lumayu samya prapti | sarêng praptanya | lan Ki Săntarêjèki ||

33. nuntên sami lajêng asowan sadaya | mring Pangran Mangkubumi | sapraptaning ngarsa | kèndêl kangjêng pangeran | nuntên awêkasan angling | Ki Săntarêja | wau kang dèn dukani ||

34. mila dinukan sira Ki Săntarêja | dening dados pangirid | kawoning kang wadya | lan kaping kalihira | kala kawone rumiyin | duk pêjahira | Ki Suradigdayèki ||

35. Săntarêja miro tindake samana | nulya ngandika malih | Pangran Mangkubumya | marang Ki Sumayuda | tuwin mring Pulangjiwèki | lah Sumayuda | lan Ki Pulangjiwèki ||

36. kaprèhipun dene têka pakênira | padha nyidrani janji | ya Ki Sumayuda | kalih Ki Pulangjiwa | datan wontên sagêd angling | dhingkluk kewala | nulya tinandhu sami ||

37. tinundhung sami karyaa pondhokira | nuntên dalunirèki [dalunirè...]

--- 31 : 29 ---

[...ki] | Pangran Mangkubumya | amangsiti mring wadya | Kombang Ambrok kang winangsit | lan Tambakyuda | kang sami dèn wangsiti ||

38. pangandikanya pangran hèh Tambakyuda | iki mangkene mami | yèn tan sun kapokna | salah sawiji iya | manèh dimanèha ugi | pasthine iya | kaya mangkene maning ||

39. iku besuk-besuk yèn Ki Săntarêja | iya ingsun timbali | prapta ngarsaningwang | nuli sira tubruka | bacut talènana aglis | dene Ki Suma- | yuda Pulangjiwèki ||

40. karo pundhutên jarane ingkang padha | dèn tunggangi pribadi | lan tumbak agêmnya | sami matur sandika | sadaya kang tampi wêling | nanging tyasira | asmu asmara kingkin ||

227. Asmaradana

1. mangkana enjingirèki | nulya sami tinimbalan | wus prapta ing ngarsa kabèh | sarta Radèn Sumayuda | mring Radèn Pulangjiwa | sami kapatêdhan sêkul | sampuning sami anêdha ||

2. nulya Ki Săntarêjèki | tinimbalan umajênga | cêlaka dhatêng ngarsane | ing Pangeran Mangkubumya | nuntên majêng saksana | dawêg sèlèh bokongipun | gya tinubruk Săntarêja ||

3. mring wong Kombang Ambrok aglis | lajêng binêsta sirènggal | Pangran Mangkubumi linge | dhatêng Radèn Sumayuda | tuwin mring Pulangjiwa | mangkana andikanipun | lah nêdha Ki Sumayuda ||

4. lawan Ki Pulangjiwèki | jaran pakênira padha | manira pundhati karo | lawan tumbak pakênira | gya samya pinurugan [pinuru...]

--- 31 : 30 ---

[...gan] | mring wong Kombang Ambrok sampun | kuda waos pinundhutan ||

5. dening pun Săntarêjèki | apan lajêng pinêjahan | sarta kinêthok janggane | êndhas pinanjêr sirènggal | Pangeran Mangkubumya | angandika asmu bêndu | mring sira Dyan Sumayuda ||

6. sarta Dyan Pulangjiwèki | kalih pan sami dinukan | hèh Sumayuda dhèwèke | miwah ta Ki Pulangjiwa | sumungkêm ing pratala | kalih tan adarbe marus | wus sami tinundhung sira ||

7. mring pamondhokanirèki | enjingira jêng pangeran | aparentah mring wadyane | kinèn anênêlukêna | mring Tanjung Paserenan | Papedan saurutipun | sampuning têluk sadaya ||

8. Pangeran Amangkubumi | samana anuntên budhal | dhatêng Sokawati malèh | sampun karya pasanggrahan | anèng ing Majarata | têtêp ing pamondhokipun | ri sampunira mangkana ||

9. Pangeran Amangkubumi | dènnya anèng Majarata | samana rèrèh galihe | sakawone ingkang putra | Pangran Pêrangwadana | eca dènnya nata batur | kang garap loji ing Sala ||

10. nanging asring atêtilik | pangeran dhatêng ing Sala | mriksa wadya nambut gawe | panggih lan Dyan Pringgalaya | kala dhatêng ing Sala | nanging pangran nuntên mantuk | malih dhatêng Sokawatya ||

--- 31 : 31 ---

191. Adipati Cakraningrat ambiyantu Pangeran Prangwadana.

11. sigêgên datan kawarni | kunêng ingkang kawarnaa | Pangran Sampang jêjuluke | Adipati Cakraningrat | samana kacarita | nênggih prajanjiyanipun | mring Kumpêni cinidranan ||

12. kang dados lantaran angling | Kolas Harting duk atinya | duk dados juru basane | anèng nagri Surabaya | punika rencangira | aprajanjeyan satuhu | Pangeran Anyakraningrat ||

13. sanglingnya Nikolas Harting | kêkudhung lingira atas | prentahing Kumpêni gêdhe | mila Pangran Cakraningrat | nyagahi prajanjeyan | kang dadya jêjêring sanggup | pangran kinon gêcêk Cina ||

14. Cina kang wontên pasisir | ingkang sami pakumpulan | nèng Garêsik saurute | myang Sidajêng ing Lamongan | ri sampuning mangkana | kang minăngka opahipun | yèn kalakon Cina sirna ||

15. binagi tigang prakawis | kang kalêbêt prajanjeyan | kang rumiyin pambagine | Sumênêp lawan Madura | nunggil dados satunggal | lawan kaping kalihipun | Jêpara lan Pasêdhahan ||

16. akumpul dados satunggil | dening kaping tiganira | Jipang Lamongan golonge | singa ingkang piniliha | apan salah satunggal | pangran sampuning asanggup | tan winarna polahira ||

17. arame pêrangirèki | nanging tinutur kewala | kala

--- 31 : 32 ---

pêrang ing Badholèng | tiyang Cina kathah pêjah | malah Tumênggung Jipang | pêjah kasambut ing pupuh | kapocok utamangganya ||

18. datan antara alami | nuntên ing Tuban bêdhahnya | pan kapupu bupatine | samana datan alama | anuntên sri narendra | ambadhami malih sampun | kalawan tiyang Walănda ||

19. nuntên Cina ngadêg sami | wontên ing Pathi ênggènnya | apan sami arêraton | ambêdhah ing Kartasura | sang nata malih jêngkar | angetan palajêngipun | ngungsi nagri Pranaraga ||

20. tunggil warsi majêng malih | angrêbat ing Kartasura | kang ingabên ing palugon | sakathahing wadyanira | tiyang măncanagara | wadya Madura tan kantun | dados pikukuh ngayuda ||

21. arame dènira jurit | têtiyang Cinakwèh pêjah | datan antara lamine | Cina saking Kartasura | ratune wus binêkta | palajêngira mangidul | anjog nagari Mataram ||

22. wau kangjêng sri bupati | kang saking ing Pranaraga | dènnya ngrêbat nagarane | sapraptaning Kartasura | tan age ngadhatona | kèndêl nèng Gumpang kêkuwu | ngantos Kumpêni praptanya ||

23. kang saking nagri Samawis | ingantos andhèrèkêna | manjinge dalêm kadhaton | samana apan alama | Kumpêni praptanira | Kumêndur pangagêngipun | sapraptaning Kartasura ||

24. nuntên enjingipun nuli | sri narendra pinondhongan | saking Gumpang pakuwone | ingaturan ngadhatona |

--- 31 : 33 ---

sarta wau pinapag | pangirid Kumêndhan Hondrup | saha wadya Kumpêninya ||

25. sampuning têtêp narpati | angadhaton Kartasura | wadya Sampang mulih kabèh | sapraptaning ing Madura | katur mring gustinira | sasolahira wus katur | mring Pangeran Cakraningrat ||

26. pangran kanggêg jroning galih | angraos tan kapracaya | sakathahe pitulunge | ya ta angartikèng nala | Pangeran Cakraningrat | wong Cina sasirnanipun | èngêt yèn aprajanjeyan ||

27. samana nuntên anuding | Pangeran Anyakraningrat | dhumatêng ing punggawane | ingkang anama Ki Êmas | Tumênggung Mangundara | dening wau lampahipun | dinuta amanggihana ||

28. dhatêng Kumêndur Samawis | duk wontên ing Kartasura | wontên sitinggil pondhoke | sapraptaning Mangundara | ing nagri Kartasura | kapanggih tuwan kumêndur | têmbunge lamun dinuta ||

29. dhatêng ing gustinirèki | pangeran ing Nyakraningrat | kinèn nêdha prajanjine | wusing têlas aturira | ingkang putra katiga | kang ngadêg suraning kalbu | Pangeran ing Cakraningrat ||

30. sigra pêparentah aglis | amêpak punggawanira | Pangran Cakraningrat age | anulya pinatah-patah | pra punggawa sadaya | ya ta Dyan Kartarêjèku | kinèn angadêg barisnya ||

31. ênggènnya apacak baris | kinèn ngadêg ing Lamongan | nuntên pangran atmajane | kang nama Wiradiningrat | kinèn akarya kitha | wontên [won...]

--- 31 : 34 ---

[...tên] tapêl watêsipun | Garêsik lawan Lamongan ||

32. ing Tumapêl wastanèki | dhusun ingkang kinithanan | mring Dyan Wiradiningrate | apan ta binaurêksa | mring Radèn Kartarêja | de pambaurêksanipun | saking nagri ing Lamongan ||

33. dening kang rumêksa malih | awasta Ki Jiwaraga | saking Tandhês pangrêksane | dhatêng Dyan Wiradiningrat | dening putra kang nama | Dyan Sasradiningrat wau | kang ngirid sagung punggawa ||

34. punggawa ingkang dèn irid | dhatêng Dyan Sasradiningrat | nama Dyan Wangsèngsarine | lan Radèn Jayaprameya | myang Ki Jayasudira | kalawan sakathahipun | para santana sadaya ||

35. sarta sakèhing wong Bali | sami angirid sadaya | mring Dyan Sasradiningrate | lampahe kinèn gêcaka | ing Sumênêp samana | lampahe sampun lumaku | pangran malih pêparentah ||

36. pêpatihe kang tinuding | ingkang anama Ki Êmas | Tumênggung Mangundarane | kinèn sira anggêcaka | nagri Nglasêm samana | lampahe sampun lumaku | pan sampun adhêp-adhêpan ||

37. nuntên wontên duta prapti | dutanira ingkang wayah | Pangeran Prangwadanane | anjujug Tumapêl sira | mring Dyan Wiradiningrat | lampahira nêdha bantu | dhatêng Pangran Cakraningrat ||

38. nuntên ngunjukakên aglis | mring Radèn Wiradiningrat | dhatêng kang rama dutane | lamun mangke ingkang wayah | Pangeran Prangwadana | utusan anêdha bantu | kuwalahên [kuwalah...]

--- 31 : 35 ---

[...ên] ing ayuda ||

39. sarêng mirsaturing siwi | Pangeran ing Nyakraningrat | kalangkung suka manahe | dening wau ingkang wayah | Pangeran Prangwadana | utusan anêdha bantu | dènnya mrih digdayèng yuda ||

40. sigra amêpak wadyaglis | Pangeran ing Nyakraningrat | kang badhe binantokake | dhatêng Pangran Prangwadana | tan antara wus pêpak | kang wadya samêkta sampun | kathahipun kanêmbêlah ||

41. sakawan pangagêngnèki | awasta pun Wirajaya | Surabinangun kalihe | Kêbolawung katiganya | kapat Băngsatiarsa | sigra binêktakkên sampun | mring duta Kaprangwadanan ||

42. wus sami mangkat siraglis | bantu saking ing Madura | apan ingirid lampahe | dhatêng dutaning Pangeran | Prangwadana wus prapta | ingaran desa ing Sungkul | sami kèndêl pamondhokan ||

43. ngrêrêmakên lampah sami | duta wus atur uninga | mring gusti yèn olèh gawe | binêktan wong kanêmbêlah | pangagênge sakawan | Pangeran Prangwadanèku | mirsa dahat sukaningtyas ||

44. pangeran sigra anuli | ing wadya ingkang prayoga | kinèn mêthuka praptane | bantune Pangran Madura | kang kèrid ing utusan | kang kèndêl wontên ing Sungkul | kang dinuta wus umangkat ||

45. apan sampun apêpanggih | kang mêthuk lan wong Madura | nulya sami mangkat age | saking Sungkul pamondhokan | sêdya mring pakuwonnya | Pangeran Prangwadanèku |

--- 31 : 36 ---

dutanira jêng pangeran ||

46. sapalih kinèn rumiyin | atur uningèng pangeran | nuntên pangeran sirage | akèn asaosa sêgah | sakintên-kintênira | sigra wong Madura rawuh | wus pinrênahkên pondhokan ||

47. pan pinrênahkên atêbih | lawan ênggènnya pangeran | saking pangatos-atose | Pangeran Pêrangwadana | ri sampuning mangkana | pangran eca manahipun | nata wadya munggwing wuntat ||

228. Pangkur

1. kunêng ingkang kawarnaa | baris wong arahan Kartasurèki | kang dados têtindhihipun | Răngga Baki namanya | Răngga Supatra jinunjung ran tumênggung | Tumênggung Ranawijaya | arahan kang dèn tindhihi ||

2. samana atur uninga | Ki Tumênggung Ranawijaya Baki | dhatêng kangjêng sang aprabu | yèn Pangran Prangwadana | barisira ing mangke pan angsal bantu | saking nagari Madura | têliknya kang asung uning ||

3. tuwan mayor kang sinungan | aturira konjuke ing narpati | nanging mayor sêmunipun | amaibên tyasira | duk samana mayor matur ing sang prabu | awon yèn tan ngaturana | rèh wadya ngaturi uning ||

4. sang nata aris ngandika | kayaparan iku karêpnya adhi | mayor aris aturipun | yèn sêmbada ing karsa | nata luhung angga nututi lumaku | bilih manawi yêktia | sampun amingkalih kardi ||

5. sang nata malih ngandika | iya măngsa bodhoa sira adhi | mayor sampun pamit mêtu | saking ing

--- 31 : 37 ---

dalêm pura | enjingipun asiyaga apan sampun | sakapraboning ayuda | dènnyarsa nglarag ing jurit ||

6. dening wadya kang binêkta | amung dragundêrira sa-Kumpêni | kang warni Kumpêni wangsul | amung Kapitan Barak | saha Kumpninira ingkang datan kantun | samana sampun umangkat | datan kawarna ing margi ||

7. mèh prapta dhusun Tangkisan | kawarnaa Pangran Prangwadanèki | apan ta sampun angrungu | lamun mayor priyăngga | ingkang prapta badhe anggitik prang pupuh | pangeran sampun prayitna | wus angrakit ing ajurit ||

8. pan mangkana gêlarira | Jêng Pangeran Prangwadana pribadi | ngatingal sawadyanipun | anglela anèng rana | dening wong Maduntên lan apênêdipun | kinèn sami anusupna | ing padhusunan tan kèksi ||

9. wau ingkang kawarnaa | tuwan mayor lampahira wus prapti | ing Tangkisan kilènipun | pangarsaning lumampah | barising arahan kang minăngka cucuk | Tumênggung Ranawijaya | ing Baki kang anindhihi ||

10. sêdhêngira alêlampah | wong arahan kagyat sira ningali | mêngsah kêkapalan agung | Pangran Pêrangwadana | punika kang katingal munggwing ing ngayun | saha wadya kêkapalan | pitung dasa winitawis ||

11. mundur kang wadya arahan | undurira ki tumênggung ing Baki | ngaturi uninga sampun | mring tuwan mayor sira | sigra nata mayor mring sawadyanipun | Kumpêni Bali Walănda | tinata gêlaring jurit ||

--- 31 : 38 ---

12. sigra têmpuh ing ayuda | Pangran Prangwadana lawan Kumpêni | dragundêr apan atangguh | sami munggwing turăngga | bêdhil-binêdhil pangran datan adangu | nulya lumajêng pangeran | linud binujêng Walandi ||

13. ingkang samya munggwing kuda | wong Walănda ingkang ambujêng sami | Kumpêni dahat atambuh | yèn wontên wong Madura | samya dhêkêm wontên salêbêting dhusun | samana awas tumingal | dhatêng ing wadya Kumpêni ||

14. yèn kalojok pambujêngnya | wong Kumpêni Maduntên wong siraglis | sarêng nêmpuh saking lambung | mêdal ing padhusunan | wadya Kumpêni kagyat prayitnèng tangguh | nadhahi wadya Madura | têmpuh lan waos lan bêdhil ||

15. myang sira Kapitan Barak | sarowangnya tangguh datan gumingsir | tumbak-tinumbak prangipun | mayor samana dharat | kuda cinêkêlan juru kuncinipun | saking pakèwêding papan | jêblogipun anglangkungi ||

16. samana pêpênêdira | wong Madura nama Wirajayèki | anêmpuh lutnan dragundur | dupi arsa tinumbak | kêbatira lutnan dragundur amistul | jungkêl Wirajaya kêna | lutnan kêbat anuruni ||

17. saking ing turangganira | sêdyanira lutnan arsa ngakahi | lutnan tarkanya tan lampus | arsa linud pinêdhang | wong Madura kêbat anumbak sing pungkur | lutnan kêna pêjahira | ngrungkêbi Wirajayèki ||

18. dadya lutnan sarêng pêjah | lawan ingkang nama Wirajayèki | Ki Kêbolawung angamuk | lawan Băngsatiarsa [Băngsati...]

--- 31 : 39 ---

[...arsa] | sarowangnya mayor wau kang tinêmpuh | kang nyêkêli kudanira | mayor lan pun juru kunci ||

19. punika kang kaprawasa | sampun pêjah pan tinumbak kariyin | kuda gêgêr tan lumayu | nulya mayor tinumbak | mring wong Maduntên kang aran Kêbolawung | kêna sanginggiling jăngga | prênah sawingkinging kuping ||

20. nanging mayor datan pasah | kêbatira mayor amalês aglis | pun Kêbolawung pinistul | kêni pupunya rêbah | tuwan mayor sigra nyandhak kudanipun | apan sampun tinitihan | Kêbolawung kêbat tangi ||

21. anututi kujèngkangan | pan kacandhak mayor tinumbak malih | apan kêna pupunipun | nanging kala samana | Kêbolawung tan pasah panumbakipun | sigra mayor kudanira | ginewarakên siraglis ||

22. upasnya mayor kacandhak | apan kantun lan mayor undurnèki | upas wus tinumbak sampun | dhatêng tiyang Madura | sapêjahnya upas Walănda lumayu | sadaya rêbat koripan | sakawan Walandi mati ||

23. sakawan lutnan pêjahnya | pan Kapitan Barak samana kari | kantun lan sarowangipun | sigra tinêmpuh sira | mring wong Madura Kapitan Barak tangguh | arame têmpuhing yuda | tumbak-tinumbak tan gingsir ||

24. wong Bali wus kathah pêjah | tuwan mayor wruh sigra amangsuli | kapitan wus ngajak mundur | mring tuwan mayor sigra | Kapitan Barak mundur sarowangipun | pan sami pêpalajêngan | wong Madura tan nututi ||

25. apan sami sayahira | apan dene [de...]

--- 31 : 40 ---

[...ne] mayor undurirèki | tan kandhêg pan lajêng mantuk | mring nagri Kartasura | sapraptane orêg wong Kartasurèku | anarka yèn mayor kalah | yèn binanjêla ing jurit ||

26. wau ingkang kawarnaa | wong Madura saunduring Kumpêni | sarowangnya wus akumpul | wau sira Pangeran | Prangwadana wus ngatag mring wadyanipun | sakèh mayiding[11] Walănda | miwah jisime wong Bali ||

27. sarta bêbathanging kuda | samya kinèn ngèlèkêna tumuli | marang ing banawi agung | wau datan antara | wus sami kinèlèkakên sadayèku | sakathahe mayidira | Walănda miwah wong Bali ||

28. mangkana wong Kartasura | ingkang anèng Sala anambut kardi | sadaya sami andulu | lamun kathah bêbathang | ingkang kèli ing bangawan saking luhu[12] | prayayinya samya cingak | dangu-dangu aningali ||

29. lamun bêbathang Walănda | kang katingal kathah tunggilirèki | wadyalit gègèr tyasipun | ingkang sami tumingal | nulya sami ngaturi uninga sampun | dhatêng Radèn Pringgalaya | wus kinèn bantholi minggir ||

30. Walănda kang anèng Sala | ingkang dados têtindhih nambut kardi | nama Sareyan Karahu | lawan Slomprèt namanya | sarêng uninga bangsanya akèh lampus | dahat susah manahira | tan adangu nulya prapti ||

31. utusan sing Kartasura | animbali Radèn Pringgalayèki | sigra umangkat alungguh | Rahadèn Pringgalaya | sapraptane ing Kartasura [Kartasu...]

--- 31 : 41 ---

[...ra] wus têmu | lawan mayor sira Radyan | Pringgalaya dèn wartani ||

32. mring mayor sapolahira | kala pêrang anèng Tangkisan nguni | gya winartakkên sadarum | nanging tan punapaa | sira Radèn Pringgalaya sampun mantuk | tansah angartikèng nala | de mayor mundur ing jurit ||

229. Durma

1. kawarnaa Pangeran Pêrangwadana | dènnya ngangsêg ing jurit | kadalon lampahnya | sigra amondhok sira | nèng Biru dènnya amrêgil | wong Kartasura | kêkês manahirèki ||

2. kang sawênèh angili atilar wisma | Têrantang kang dèn ungsi | wênèh dhatêng Sima | de Kumpêni samana | dhêdhêp kewala salatri | nuntên enjingnya | Pangran Prangwadanèki ||

3. mangkat saking ing Biru lajêng lampahnya | saloring Jamur prapti | lajêng lampahira | praptèng Dipanagaran | Pangran Adiwijayèki | lumajêng sira | atur uningèng aji ||

4. lamun mêngsah praptèng Kadipanagaran | sigra Ki Gawangsèki | lan Ki Cakrajaya | agya kinèn mêthuka | ing mêngsah kang sampun prapti | Dipanagaran | Ănggawăngsa siraglis ||

5. wus lumampah kalawan Ki Cakrajaya | wus panggih ing ajurit | nèng Dipanagaran | nanging Ki Ănggawăngsa | Cakrajaya tan kawawi | nadhahi mêngsah | wus nêdha bantu malih ||

6. sigra mangsah Adipati Sindurêja | lan Kartanagarèki | ambantoni sira | prangira Ănggawăngsa | lawan Ki Cakrajayèki | sapraptanira | mêngsah undurirèki ||

--- 31 : 42 ---

7. pan amapan sakidul wetan kadhatyan | mêngsah undurirèki | sêdya karya gêlar | têtiyang ing Madura | gêlarira kang kinardi | glar pêpêndhêman | sarêng katingal nuli ||

8. binujêng mêngsah mring kang wong Sindurêjan | lan wadya Ngremasari | sigra mêngsahira | kang sami kêkapalan | anulya sami mangsuli | myang wong Madura | rame têmpuhing jurit ||

9. wus kalindhih wadya ing Kasindurêjan | myang sira Adipati | Sindurêja lawan | Kyai Kartanagara | lumaywa binêrêg sami | mring wong Madura | rencang kacandhak siji ||

10. rencangira Ki Dipati Sindurêja | tinumbak sampun mati | arsa kinêthoka | kasêlak bantu prapta | Alpèrès Tolong namèki | sarowangira | tiyang Wangsul Kumpêni ||

11. sarêng panggih gya mêngsah lan ngamuk rampak | Tolong sarowangnèki | têmpuh ing ayuda | ramya tumbak-tinumbak | wadya Madura kalindhih | palajêngira | ngidul anabrang kali ||

12. pan binêrêg mêngsah ingkang kêkapalan | larut tan angawali | nanging pambêrêgnya | Tolong datan atêbah | tan kongsi anabrang kali | marma mangkana | manah asănggarunggi ||

13. dening gènira prang kapit ing pemahan | jroning Kartasurèki | mila kèndêl samya | amung kalantakanya | mêngsah kabandhang kêkalih | unduring mêngsah | apan sampun atêbih ||

14. sami kèndêl ing Jamur apamondhokan | Alpèrès Tolong nuli | lan Kya Sindurêja | sami mundur saksana |

--- 31 : 43 ---

mring alun-alun wus prapti | alpèrès sigra | atur bandhangannèki ||

15. kalantaka kêkalih sampun tinampan | mring mayor sukèng galih | dahat kapracaya | alpèrès pêrangira | mring mayor ngalêm jro ati | Kumpêni samya | enggar tyasira sami ||

16. nulya kasaput ing dalu duk samana | pan sami ngati-ati | Kumpêni sadaya | nganti age rinaa | ya ta kawarnaa enjing | sarêng byar rina | gya mundur wong Kumpêni ||

17. têngaranya mayor akèn nêtêg wadya | wus pêpak tata baris | myang sira Rahadyan | Dipati Pringgalaya | Dipati Sindurêjèki | wus sami prapta | baris nèng păncaniti ||

18. miwah punggawa mantri pêpak sadaya | wus samêkta ing jurit | wadya nata magang | sinuhun wus linilan | wus pêpak nunggil Kumpêni | wus pêparentah | mayor mring para mantri ||

19. ingkang kinèn ngawali sampun umangkat | mêdal wetaning puri | nanging barisira | pangagêng dèrèng mangkat | kasêlak kang mungsuh prapti | wus ngrampit praja | sarya ngobong-obongi ||

20. sarêng pracalita agêng praptanira | mêngsah malih angancik | kidul kilèn pura | aran Kawangsayudan | mayor agya amêdali | sawadyanira | wadya magang pangarsi ||

21. dening mungsuh pan amalih lampahira | sêdya Ngasêm dèn jogi | kang sapalihira | nanging tan kongsi prapta | kasêlak kang ngrampit puri | tiyang Madura | tinêmpuh ing ajurit ||

--- 31 : 44 ---

22. dhatêng pangajêng wadya magang sadaya | wong Madura udani | lamun winêdalan | mring Kumpêni sadaya | myang sagunging tiyang Jawi | Dyan Pringgalaya | myang Kya Sindurêjèki ||

23. nulya mundur lumajêng tiyang Madura | magang ambêrêg sami | dupi sira prapta | kidul wetan Sêgaran | mêngsah kang binêrêg bali | sarêng uninga | yèn wadya magang kêdhik ||

24. sarta mêngsah wus binanton kêkapalan | mangawat kanan kering | sigra wadya magang | mundur angalèr sira | anulya Kumpêni prapti | sarêng katingal | mêngsah dèn êdrèl wani ||

25. pangêdrèlnya Kumpêni tan wruh ing rowang | dadya magang nêngahi | kathah katriwandhan | kêni mimis Walănda | nanging datan miyatani | kang sami kêna | amung sarungan kêris ||

26. nuju samya salamêting wadya magang | mung Jayawikramèki | tugêl warangkanya | kêni mimis Walănda | wadya magang wus sumingkir | pangêdrèlira | Kumpêni tan ngêgoki ||

27. dadya mêngsah tan kawawa nanggêhana | nulya lumajêng sami | unduring kang mêngsah | mring kidul Jawinatan | amapan akarya rakit | gêlaring yuda | wong Madura kinardi ||

28. dhadhaning prang dening ingkang kêkapalan | pangawat kanan kering | Kumpêni gya prapta | saha punggawa Jawa | apan sampun animbangi | akarya gêlar | dening Radèn Dipati ||

29. Pringgalaya kang dados pangawat kiwa | de Kyai Adipati | Sindurêja dadya | ingkang pangawat kanan | Kumpêni ingkang dhadhani | sarêng lumampah |

--- 31 : 45 ---

sigra têmpuh ing jurit ||

30. ramening prang Kumpêni pangêdrèlira | anglir gunturing ardi | kumrutug swaranya | myang swaraning kang tiktak | tan pêgat awanti-wanti | tiyang Madura | tangguh kumurêp sami ||

31. nanging Kumpni tan kèndêl pangêdrèlira | malah saya dèn drêsi | sinêsêg tiktaknya | dadya apindha udan | tibanya kang ponang mimis | tiyang Madura | tan kawawa nahêni ||

32. sigra mundur lumajêng tiyang Madura | nanging taksih arakit | tatanya tan owah | mêngsah palajêngira | lajêng linud dèn bêdhili | binujêng sira | rencange kantun siji ||

33. pan kinarubut dening têtiyang kathah | siniwo dèn bêdhili | tan kenging tumulya | watêg kakehan lawan | dangu-dangu angêmasi | rinampog kathah | tinigas murdanèki ||

34. wontêndening mêngsah ingkang kêkapalan | sampun lumajêng sami | angidul sadaya | tan kandhêg palajêngnya | wau kang wadya Kumpêni | kèndêl sadaya | amung têtiyang Jawi ||

35. ingkang lajêng ambujêng tiyang Madura | kèndêl ing Jamur sami | manggah wong Madura | kantuning rowangira | kêkalih têtiyang gêring | nèng pamondhokan | sampun cinêpêng kalih ||

36. sigra ingaturakên Dyan Pringgalaya | linajêngakên aglis | mring mayor ngarsanya | pinarcayakkên sira | tuwan mayor sukèng galih | apan angrasa | antuk turing sayêkti ||

37. aprakawis Pangran Maduntên salahnya | nulya mayor siraglis | ngajak mundur sira | mring Radèn Pringgalaya |

--- 31 : 46 ---

sigra nulya mundur sami | mantuk sadaya | dhatêng Kartasurèki ||

38. wus binêkta kalih têtiyang Madura | pan sami dèn gêsangi | ing sapraptanira | nagari Kartasura | tiyang Maduntên kêkalih | binêkta ngiwa | akarsa dèn takèni ||

39. dhatêng mayor kang sami binêkta ngiwa | Radèn Pringgalayèki | lan Kya Sindurêja | sasampuning angiwa | anulya dipun takèni | tiyang Madura | pira rowangirèki ||

40. nanging ingkang kapanggih ngriki punika | tuwan mung tigang biting | dawêg kang ngalêmpak | kacacahkên sadaya | mayor langkung sukèng galih | sarya angucap | aywa susah ing galih ||

41. apan tan pinatèn sira mring sang nata | iya ing besuk mami | kang ngulihkên sira | mring nagri ing Madura | wus cêcanthèl unjuk sami | nulya ngandikan | dhatêng sri narapati ||

42. mayor sapraptaning ngarsa matur sira | dhatêng sri narapati | ngaturakên sira | sasolah-solahira | myang wong Madura turnèki | katur sadaya | sang nata ngandikaris ||

43. iku kayaparan mayor goning têka | mangkono iku ugi | linge wong Madura | kang sira cêkêl iya | mayor aturira malih | inggih sang nata | nanging punika ugi ||

44. dèrèng dhatêng ênggèn kawula mariksa | sumăngga karsa aji | sang nata ngandika | lah iya tutugêna | dèn ngêntèk pariksannèki | lah wis mêtua | mayor sigra umijil ||

45. sapraptane ing jawi Dyan Pringgalaya | myang Ki Sindurêjèki | lajêng mantuk samya |

--- 31 : 47 ---

mayor lajêng têtanya | mring wong Madura anênggih | inggih binêsta | mangkana lingirèki ||

46. kayaparan wêwêkasing gustinira | panêmbahan ing nguni | mring gêgunungannya | ya ta umatur sira | wau ingkang dèn takèni | inggih kawêkas | panêmbahan ing nguni ||

47. mring gêgunungan kula kinèn wiwita | amêngsah ing Kumpêni | lan malih wêlingnya | kinèn angularana | Jêng Ratu Madurêtnèki | mayor lingira | iku akrananèki ||

48. gustinira têka akarsa amêngsah | iya marang Kumpêni | apa karananya | matur kang tinakenan | Kumpêni dipun wastani | ing prajanjeyan | sangêt dènnya nyidrani ||

49. apan tigang prakara kang prajanjeyan | siji datan pinanggih | mila gusti kula | purun mêngsah Walănda | mayor kèndêl tan kênangling | ingkang kadriya | dening wus wali-wali ||

50. ênggènipun tuwan mayor kintun sêrat | dhatêng nagri Samawis | lajêng mring Jakarta | apan atur pratela | yèn Pangran Maduntên mangkin | mêkak tyasira | nanging tan dipun galih ||

51. mung punika mayor kang dadya tyasira | sampuning mangkanèki | wus akintun sêrat | mayor dhatêng Samarang | apan ngaturi upaksi | yèn wong Madura | kalih kacandhak urip ||

52. saature wong Sampang duk pinariksa | kang winartakkên tulis | gènnyatur uninga | mring Kumêndur Samarang | dening wong Maduntên kalih | sasampunira | pinariksa anuli ||

53. sinung bêbêd mring mayor lan sabukira [sa...]

--- 31 : 48 ---

[...bukira] | ikêt sarta kulambi | miwah têdhanira | kinèn gumantosana | tiyang Maduntên kêkalih | tyasira kadya | mênggah sarkara pêksi ||

230. Dhandhanggula

1. kunêng warnanên dutanirèki | Radèn Adipati Pringgalaya | ingkang andhustha undure | Pangran Prangwadanèku | praptanira atur upêksi | yèn Pangran Prangwadana | mondhok desèng Batur | sakiduling Waladana | taksih kathah kêkapalan kang umiring | sigra Dyan Pringgalaya ||

2. amanggihi dhatêng mayor aglis | sarta dutanira kang binêkta | linadosakên tuture | sampunira atêmu | lawan mayor radèn dipati | duta wus pinariksa | pratela turipun | wus nyanthèlakên aturnya | tuwan mayor dhumatêng sri narapati | nulya sami ngandikan ||

3. sapraptanira ngajêngan sami | mayor lawan Radèn Pringgalaya | katiga Sindurêjane | mayor sigra umatur | mratelakkên aturirèki | dutanira rahadyan | ingkang lagya rawuh | sarta nuhun lila nata | yèn sêmbada ing karsa paduka aji | arsa sami ngêsuka ||

4. dhatêng Pangeran Prangwadanèki | apan sampun linilan aturnya | tuwan mayor mring sang rajèng | sigra sami umêtu | ing jro pura mayor siraglis | myang Radèn Pringgalaya | Kya Sindurêjèku | sapraptanira ing jaba | tuwan mayor wus mêpak wadya Kumpêni | myang Radèn Pringgalaya ||

5. lan Sindurêja wun[13] mêpak sami | mantri punggawa ing Kartasura |

--- 31 : 49 ---

apan ta kinêrig kabèh | wontêndening kang kantun | wadana jro kapat kang kari | rumêksa ing narendra | dening lampahipun | datan owah kathahira | lan kala prang Prajamukti datan kari | apan sampun umangkat ||

6. Pangran Prangwadana amiyarsi | yèn Kumpêni angêsuk ing sira | myang wong Jawa sakathahe | anulya budhal gupuh | saking Batur lampahirèki | Pangeran Prangwadana | wau lampahipun | tan sêdya anarungana | pan angraos yèn kasănggaa ing jurit | ing Pule rêrêp sira ||

7. sipêng ing Pule pangran siraglis | enjing bubar dhatêng dhusun Wera | de tuwan mayor lampahe | saking Kartasurèku | Kêdhungjambal kang dipun jogi | lampahe sami dharat | Kumpêni sadarum | sapraptaning Kêdhungjambal | tuwan mayor nanging datan dèn panggihi | mring Pangran Prangwadana ||

8. malah tinitik panggenannèki | pangeran apan datan kantênan | dènnya nèng Kêdhungjambale | pan kongsi kawan dalu | tuwan mayor tan antuk warti | ing panggènannya Pangran | Pêrangwadanèku | tuwan mayor sigra bubar | saking ing Kêdhungjambal lampahirèki | dhatêng ing Panambangan ||

9. sapraptane Panambangan sami | kajawuhan sakathahing wadya | mayor dahat susah tyase | saya kasrêngên wau | ingkang dados srêngênirèki | de wong Jawi sadaya | tan wontên kang wêruh | panggènanira Pangeran | Prangwadana dadya lampahira nuli | bubar nabrang bangawan ||

--- 31 : 50 ---

10. pan angalèr ing Utêr dèn jogi | praptèng Utêr mêksa datan angsal | nglêlari pangran puruge | malah raintên dalu | kajawuhan wadya Kumpêni | sangêt musakatira | Kumpêni sadarum | pan botên wontên anêdha | myang wong Jawa apan sapunika ugi | kajawahan tan nêdha ||

11. sigra budhal lampahira sami | lajêng dhatêng Sêdamêl samana | sapraptane ing Sêgawe | pan kongsi tigang dalu | nèng Sêgawe tan angsal titik | panggenannya Pangeran | Prangwadana wau | tanya mring Dyan Pringgalaya | tuwan mayor miwah mring Sindurêjèki | inggih tan angsal warta ||

12. mayor sangêt kasrêngênirèki | dhatêng Pringgalaya Sindurêja | mangkana mayor wuwuse | asmu kasrêngênipun | yèn makatên dika puniki | tumut ing lampah kula | tanpa karya tuhu | yèn dika datan sagêda | anênitik ing panggenane samangkin | ing Pangran Prangwadana ||

13. lah nuntên dika kengkenan sami | priyayi kalih dipun akêbat | ananahakên ênggène | Pangran Prangwadanèku | sampun dika kèn mulih-mulih | lamun dèrèng kantênan | pangran ênggènipun | anuntên sampun lumampah | dutanira priyayi pêpatih kalih | kang nênahkên pangeran ||

14. pan ingantos kongsi kalih latri | dutanira nuntên sami prapta | mêksa tan angsal wartine | Dyan Pringgalaya gupuh | lan Kiyai Sindurêjèki | gya sami abêbeja | dhatêng mayor wau | lamun dutanira prapta |

--- 31 : 51 ---

kalihira mêksa datan angsal warti | mayor kaku tyasira ||

15. lawan susahe mayor tyasnèki | dene Kumpêni tan wontên nêdha | lawan asangêt jêbloge | gya pêparentah gupuh | tuwan mayor mring dyan dipati | kinèn mêpêka tundhan | mayor wuwusipun | maring Radèn Pringgalaya | lan punapa gawe kula wontên ngriki | Kumpêni tan anêdha ||

16. besuk-besuk radèn kula mulih | dèn aenjang dika undhang-undhang | dhatêng rencang sakathahe | anuntên enjingipun | pukul gangsal bubarirèki | mayor mantuk lampahnya | mring Kartasurèku | sapraptane Kartasura | mayor sampun atur uningèng narpati | yèn mêngsah tan kantênan ||

17. aturira mayor mring sang aji | angaturkên gêtune tyasira | dening kalangkung samare | panggenaning kang mungsuh | pan anêlas gènnya nênitik | mêksa tan antuk warta | ing panitikipun | sang nata aris ngandika | yèn mangkono adhi Si Sindurêjèki | karo Si Pringgalaya ||

18. padha konên akongkonan aglis | ananahêna ênggoning mêngsah | nuli mangkata dutane | mayor sampun umêtu | saking pura ya ta apanggih | lan Radèn Pringgalaya | myang Sindurêjèku | wus dhawuhakên parentah | ing narendra mring Radèn Pringgalayèki | lan Kyai Sindurêja ||

19. yèn sami kinèn utusan aglis | ananahêna ênggoning mêngsah | dening lakuning dutane |

--- 31 : 52 ---

parentahing sang prabu | winêling ywa amulih-mulih | yèn dèrèng kantênana | panggenaning mungsuh | sigra Radèn Pringgalaya | Sindurêja pan sampun sami anuding | mring dutanya wus mangkat ||

192. Nyirêp kraman ing Kêdhu, dhusun Sala nama Surakarta Adiningrat.

20. kunêng ingkang kawarnaa malih | sira Pangeran Pêrangwadana | sarta wadya Maduntêne | ngalèr palajêngipun | apan anjog ing Sokawati | praptane Majarata | apan kaparanggul | lan barisira Pangeran | Mangkubumi samana ramya ajurit | apan anglong-linongan ||

21. kawon prangnya Pangran Mangkubumi | lumajêng saking ing Majarata | ingkang ngênggèni pondhoke | Pangran Prangwadanèku | dening kang wong Maduntên sami | amisah pamondhokan | lan pangeran wau | ya ta Pangran Prangwadana | angandika dhatêng pêpatihirèki | aran Kudanawarsa ||

22. iki wataraningsun abêcik | iya besuk ginawe nagara | Kudanawarsa ature | gusti botên apatut | awon tanjêkipun ing nguni | wau tiyang Madura | ngêrês manahipun | sawab rencangnyakèh pêjah | kaping kalih nagari Kartasurèki | sanès pawartinira ||

23. lan kala wontên ing Madurèki | datan wontên pinanggih sapisan | pawarti lawan yêktine | wasana sami rêmbug | yèn mantuka mring Madurèki | têtiyang ing Madura | aputusan sampun | apan ngaturi uninga | mring Pangeran [Pange...]

--- 31 : 53 ---

[...ran] Prangwadana lamun mangkin | kang abdi ing Madura ||

24. yèn mangke samya apamit mulih | kang nglilani Pangran Prangwadana | nulya samya bubar kabèh | mantuk mring Madurèku | wong Madura datan winarni | Pangeran Prangwadana | apan bubar sampun | saking dhusun Majarata | sipêng Nglungge lajêng dhatêng Kêbontiris | akarya pamondhokan ||

25. wontêndening Pangran Mangkubumi | amakuwon dhusun ing Galagah | wus anglumpukkên wadyane | wong Sokawati kumpul | kawarnaa wau kang mulih | têtiyang ing Madura | ing sapraptanipun | ing wisma mênangi yuda | nuju ing Sumênêp ingkang dipun gitik | mring Dyan Sasradiningrat ||

26. dahat arame pêrangirèki | wong Sumênêp lawan wong Madura | tanpa wilangan pêjahe | mêngsah lan rowangipun | wong Sumênêp kasor ing jurit | Sumênêp bêdhahira | de pangeranipun | lumajêng mring Surabaya | palajênge angungsi dhatêng Kumpêni | anêdha tulung sira ||

27. dening wong Sumênêp sakathahing | ingkang kantun wus têluk sadaya | mring Dyan Sasradiningrate | anut ing sarèhipun | sampun tinêtêpakên sami | mring Dyan Sasradiningrat | sakèhe kang têluk | datan wontên ingowahan | ingkang mantri pan taksih pinacak mantri | de kang warni kapêdhak ||

28. têtêp kinarya kapêdhak malih | dawêg sami eca manahira | wadyèng Sumênêp sakèhe | punapadene wau | Radèn Sasradiningrat lagi | lêga ing manahira [manah...]

--- 31 : 54 ---

[...ira] | anuntên Kumêndur | Kêcil umadêg samana | nèng tapêl watêsing Sumênêp anênggih | lan tapêl watês Sampang ||

29. sigra wadyalit ngaturi uning | dhatêng Rahadèn Sasradiningrat | yèn Kumêndur pangadêge | nèng tapêl watêsipun | ing Sumênêp lan Sampang mangkin | Radèn Sasradiningrat | sigra dènnya wangsul | wau saha wadyanira | pan ginêlak lampahira sampun prapti | wus yun-ayunan yuda ||

30. tan darana anêmpuh siraglis | ing ayuda Dyan Sasradiningrat | apan sarêng pangamuke | kalawan wadyanipun | dènnya campuh nèng Batubêsi | rame dènira yuda | Kumpêni atangguh | anadhahi wong Madura | pangamuke anglir buta angsal daging | tan wruh ing pêjahira ||

31. bêdhil Kumpêni wus tanpa uni | mung rame dènnya tumbak-tinumbak | wus akathah pêpêjahe | rowang kalawan mungsuh | apan datan kêni winilis | wong Kumpêni kasoran | wau yudanipun | saking karoban ing lawan | wong Kumpêni lumayu sisaning mati | Kumêndur wus lumaywa ||

32. dadya anganciki Batubêsi | Radèn Tumênggung Sasradiningrat | wus makuwon sabalane | wau ingkang winuwus | wong Walănda ing Surawèsthi | anginggahi samana | ing Tandhês ginêpuk | apan sampun katadhahan | yudanira dhatêng wadya ing Garêsik | nama Ki Puspatruna ||

33. dahat arame campuhing jurit | Ki Puspatruna wus ambêg pêjah | dènnya ngamuk sabature | bêdhil wus tan karungu |

--- 31 : 55 ---

pangamuke lir banthèng kanin | Kumpêni kang tinêrak | apan kathah lampus | dadya Kumpêni kasoran | yudanira lumayu sisaning mati | sampun gusis sadaya ||

34. kawoning Kumpêni Surawèsthi | nuntên Walandi kang wontên kapal | minggah dhatêng Maduntêne | dening wastaning dhusun | kang dipun inggahi Walandi | wasta dhusun Tanjungan | anuntên ingamuk | dhatêng têtiyang ing Sampang | kang anama pun Surajaya prajurit | ngamuk sarowangira ||

35. Surajaya pangamuke ngukih | Kumpêni apan datan kuwawa | anadhahi pangamuke | mring Surajaya wau | dahat rusak wadya Kumpêni | dadya lumaywa sira | sakantuning lampus | wus sirna wadya Walănda | saking ngrana kang aran Tanjungan nênggih | wau kang kawarnaa ||

36. wontên Walandi saking Kadhiri | pêpêcatan saking Kartasura | kapitan ing dragundêre | samana lampahipun | anjog dhatêng ing Surawèsthi | Kapitan Kesêr nama- | nya kinarya bantu- | nira kang pêrang Madura | apan lajêng ambanjêl dhatêng Garêsik | ramya campuh ing yuda ||

37. prangnya Pangeran Giri kalindhih | pangajênge ing Garêsik pêjah | Ki Jiwaraga namane | wau sabêdhahipun | nênggih pan nagari Garêsik | Kapitan Kesêr sigra | lajêng lampahipun | ing Gêcêl Tamapêl sira | kang abaris anèng Tumapêl anênggih | Radèn Wiradiningrat ||

38. Radèn Kartarêja kang abaris | ing Lamongan apan wus ngalêmpak | anjagi ing Tumapêle | wau

--- 31 : 56 ---

sainggahipun | Tuwan Kesêr gya anadhahi | sira Dyan Kêrtarêja | arame prangipun | Radèn Kartarêja kalah | sing Tumapêl anulya lumayu aglis | Radèn Wiradiningrat ||

39. sakawonipun Kartarêjèki | sing Tumapêl Tuwan Kesêr sigra | nulya lajêng ing lampahe | anggêpuk ing Sidayu | inggih ingkang darbe nagari | Radèn Suryadiningrat | apan ingkang sunu | Pangeran Anyakraningrat | ing Madura apajêg baris sirèki | sampun sami prayitna ||

40. sapraptane Kesêr sawadyèki | ing Sidayu apan tinadhahan | mring Dyan Suradiningrate | ramya têmpuh prangipun | pan kasoran yudanirèki | Radèn Suryadiningrat | tan kawawa tangguh | sakawone wadyanira | Radèn Suryadiningrat têluk tumuli | mring Tuwan Kesêr sira ||

41. katarima patêlukirèki | sira Rahadèn Suryadiningrat | wus ingecakkên manahe | wau ingkang winuwus | kang abaris ing Batubêsi | Radèn Sasradiningrat | samana ginêpuk | dhatêng Kumpêni sadaya | Tuwan Kesêr Amral pangagêngirèki | Bugis Dhaèng Mabelah ||

42. Dhaèng Mabelah punika nênggih | unus-unusan ing Kartasura | binantokkên Madurane | lan wontên malihipun | wong Makasar pan sa-Kumpêni | aran Kapitan Jawar | sami kaduk purun | ing Batubêsi samana | kang ginitik arame pêrangirèki | kathah pêpêjahira ||

43. Radyan Sasradiningrat kalindhih | yudanira

--- 31 : 57 ---

apan wus lumaywa | saking ing Batubêsine | Kumpêni lampahipun | ing Balega kang dipun gitik | kang baris ing Balega | Radèn Wangsèngsantun | senapatining ayuda | duk umulat ing mungsuh Kumpêni prapti | nulya atata bala ||

44. sigra Kumpêni nêmpuh ing jurit | pan sinêlak ing pangêdrèlira | lir jawuh mimis tibane | Dyan Wangsèngsari tangguh | saha wadya datan gumingsir | sêdya rêmpu ing rana | andhepok prangipun | wus datan aetang pêjah | Amral myang Kesêr wruh mêngsah ngantêp jurit | rinoban pangêdrèlnya ||

45. dahat adrês tibaning kang mimis | wadya Madura wus kathah pêjah | kaprawasèng ing mimise | kang gêsang apan ngamuk | kang anama Dyan Wangsèngsari | senapati ngayuda | pêngkuh juritipun | saha tan tumamèng braja | dahat mingsêr katiban ing mimis alit | tan kagèt dening tiktak ||

46. kumêndhan Kesêr bramatyèng ati | aningali kêbat tandangira | sakathahe Kumpênine | sigra dènnyarsa ngamuk | saha pêdhangira tinarik | dadya merang sadaya | sakèhing andulu | myang mulat ing mêngsahira | dahat pêngkuh prangira tan mingsêr bêdhil | dadya samya bramatya ||

47. Kumpêni Islam sadaya sami | kang anama kapitan myang lutnan | alpèrès myang sareyane | sadaya sarêng nêmpuh | pangamuke mung waos cundrik | kang kagêm pangamuknya | wong Madura pêngkuh | aramya tumbak-tinumbak | têmpuhing prang wênèh kaprawasèng [kaprawa...]

--- 31 : 58 ---

[...sèng] cundrik | wong Madurakèh pêjah ||

48. wus lumaywa sasisaning pati | wong Madura Radèn Wirasêkar | wus karoban ngajurite | kinanan keri wau | panumbaknya wadya Kumpêni | miwah saking ing wuntat | radèn taksih pêngkuh | tan tumama winaosan | nanging pamalêsira tan angundhili | katampan ing akathah ||

49. saking ngarsa tinêmpuh ngunduri | ingkang saking wuntat gya anumbak | tan tumama panumbake | watêking sampun layu | pangamuke Dyan Wangsèngsari | kalêbèng sumur sira | Kopral Trohi gupuh | sigra ngakahi samana | myang Dèn Wangsèngsari pinopor ing bêdhil | ginitikan pêjahnya ||

50. sapêjahira Dyan Wangsèngsari | wong Madura wus larut sadaya | wus ngancikan pakuwone | mring Kumpêni sadarum | kawarnaa kang kawon jurit | Radèn Sasradiningrat | palajêngnya rawuh | ing dalêm kitha Madura | lampahira lajêng sowan ing ramèki | angaturi uninga ||

51. aturira pun paman ngêmasi | Wangsèngsari prangipun Balega | dahat kathah pêpêjahe | mêngsah lan rowangipun | sakawone kang wadya alit | sasisane kang pêjah | sampun sami mawut | Pangeran Anyakraningrat | sapamirsanira ature kang siwi | rongèh ing wadyanira ||

52. myang sakathahe têtiyang alit | ing Madura wus tan kêna ngampah | bubare saking wismane | ingkang darbe parau | sami minggah baitanèki | dhatêng nagri Bawiyan | ing pangungsènipun | sigra Pangran [Pa...]

--- 31 : 59 ---

[...ngran] Cakraningrat | ing Madura tan antara tumulyaglis | numpak baitanira ||

53. wus amancal palayarirèki | pangeran anjog nagri Bawiyan | kèndêl sakêdhap lampahe | Bawiyan mundhut banyu | sasampune angunjuk warih | pangeran wus umangkat | ing Banjar jinujug | sapraptanira ing Banjar | kawarnaa Kumpêni kang mênang jurit | wus ngancik ing Madura ||

54. sapangancikirèng Madurèki | Kumpêni sampun eca tyasira | ingkang kawuwusa malèh | anênggih ingkang sunu | Pangran Cakraningrat kênyadi | wau ingkang anama | Radèn Ayu Wuku | punika ingkang kabêkta | mring Walănda kang anama Tuwan Anting | binêktèng Kartasura ||

55. kunêng ingkang kawarnaa malih | ingkang gumingsir ing Majarata | Pangeran Mangkubumine | nèng Galagah kêkuwu | ngumpulakên kang wadya malih | sakèh wong Sokawatya | wus samya akumpul | wus angadêg barisira | nèng Galagah sampun ngaturi upêksi | dhatêng ing Kartasura ||

56. dhatêng sang nata gènnyatur pêksi | yèn tiyang Maduntên sampun kesah | mantuk dhatêng Madurane | dening wau kang mungsuh | kang angirid wong Madurèki | Pangeran Prangwadana | sampun kesah ngidul | apan asewang-sewangan | kesahipun dening wadya padukaji | têtiyang Sokawatya ||

57. ing mangke sampun pinêpêk malih | dhatêng rayi paduka sang nata | Pangeran Mangkubumine | saha dêdamêlipun | apan sampun umadêg malih |

--- 31 : 60 ---

sampun sura ing nala | dêdamêle agung | kadi kenging ingabêna | ing ayuda sumăngga karsa narpati | sang nata angandika ||

58. iya dèn pêpoyanana aglis | si adhi Mangkubumi yèn kêna | bature ingadu manèh | dening wêwêkas ingsun | lamun ana lananging jurit | iya têka dèn suka | saparaning mungsuh | iku darapon kawusa | ri sampuning angandika sang narpati | duta sigra umêsat ||

59. Ki Tohjaya wau kang tinuding | dhatêng loji kinèn pêpoyana | mring mayor yèn andikane | sang nata ingkang dhawuh | mring Pangeran Amangkubumi | yèn kang rayi pangeran | kinèn ngêsuk mungsuh | darapon mungsuh kawusa | Ki Tohjaya sapraptanira ing loji | wus dhawuhkên andika ||

60. saandikanira sri bupati | dhinawuhakên mring mayor sira | mayor mangkana ature | lah andika umatur | Ki Tohjaya dhatêng sang aji | gampil puniku uga | kapanggiha pungkur | aluhung ingkang acêlak | karumatan nuntên taruba rumiyin | Tohjaya manjing pura ||

61. sampun katur dhumatêng sang aji | lamun mayor mangkana aturnya | sang aprabu lêga tyase | mayor putusan sampun | mring Pangeran Amangkubumi | wau sapraptanira | mayor dutanipun | ngaturakên tabenira | tuwan mayor mring Pangeran Mangkubumi | mangkana linging duta ||

62. inggih ing mangke paduka gusti | ingaturan rumiyin kèndêla | dhatêng tuwan mayor anggèr | mayor wêwêlingipun [wêwê...]

--- 31 : 61 ---

[...lingipun] | mring ulun sapunika gusti | mila tuwan ngaturan | kèndêla rumuhun | dening sudara paduka | tuwan mayor arsa kesaha rumiyin | dhatêng Kêdhu lampahnya ||

63. angandika Pangran Mangkubumi | iya sudaraku mayor lunga | apa kang dadi lakune | duta alon umatur | inggih anggèr kang dados kardi | pan pun Sêcanagara | ing pamogokipun | têtiyang Kêdhu sadaya | dipun ambêg malah barisipun gusti | ing Elo sampun nabrang ||

64. dening pun Kartadipa ing mangkin | ing Andong gusti pan sampun kalah | malah majêng patêluke | mring Sêcanagarèku | mila tuwan dipun aturi | inggih gusti kèndêla | ing pidadosipun[14] | mayor dhumatêng sampeyan | nanging paduka gusti dipun aturi | sampun têbih sing Sala ||

65. mèsêm lingnya Pangran Mangkubumi | jawane ingsun iki dèn atag | tunggu ing Sala têgêse | iya muliha gupuh | sira duta mung tabe mami | iku sira têkakna | mring sudaraningsun | lan sira pêpoyanana | tuwan mayor yèn ingsun bubar nyêdhaki | maring desa ing Sala ||

66. sigra mêsat ponang duta aglis | saking ngarsanya sira pangeran | prapta ing Kartasurane | apan sampun umatur | dhatêng mayor dutanirèki | sawêlingnya Pangeran | Mangkubumi sampun | katur mring mayor sadaya | suka ing tyas mayor anulya amikir | dènnya arsa pamitan ||

67. dènnya arsa mring Kêdhu anênggih [a...]

--- 31 : 62 ---

[...nênggih] | anggitik dhatêng Sêcanagara | ing Sela papan wismane | ingkang karya pakewuh | wong ing Kêdhu binêbêg sami | apan têluk sadaya | kang sampun kapungkur | Kêdhu sa-Kilènparaga | kang wus têluk wus nabrang Elo kang baris | Kartadipa wus kalah ||

68. malah sampun têluk kang pawarti | Kartadipa malah karsanira | mayor dènnyamrih bêcike | Salatiga jinujug | dènirarsa arêmbag pikir | lawan Kya Sindurêja | mayor karsanipun | milanipun sapunika | dene Kyai Sindurêja wus rumiyin | wontên ing Salatiga ||

69. angkatira Ki Sindurêjèki | wontêne dhusun ing Salatiga | sadhatênge ing Sagawe | kala angêsuk mungsuh | ya Pangeran Prangwadanèki | duk prang kanthi Madura | ing sakawonipun | sinupan datan kapêdhak | tuwan mayor prapta Sêgawe abali | praptaning Kartasura ||

70. kinèn lajêng Ki Sindurêjèki | tugura ing dhusun Salatiga | lan sakănca pangiwane | Radèn Pringgalayèku | kinèn wangsul mring Sala malih | dening Ki Sindurêja | kalih lampahipun | ingkang rumiyin ingatag | bêbakali loji ing Salatigèki | kaping kalih karyanya ||

71. kinèn mênêdana sakathahing | têtiyang Kêdhu kang dèrèng prapta | sami kinèn ngemutake | kang darbe wong sa-Kêdhu | kadiparan Mangkuprajèki | miwah Ki Natayuda | myang panêkaripun | sanake dèn emutana | nanging Kêdhu mangkya tan kenging abêcik |

--- 31 : 63 ---

mila mayor akarsa ||

72. anindaki mring Kêdhu pribadi | wanci sontên tuwan mayor sowan | malêbèng dalêm purane | atur uningèng prabu | lamun arsa kesah pribadi | dhatêng Kêdhu lampahnya | mangkana turipun | dhumatêng sri naranata | mila kawula tuwan kesah tumuli | ingkang kawula rêbat ||

73. manawi pun Sêcanagarèki | punika nuntên apadandanan | de pun Kartidipa mangke | ing Andong sampun têluk | lawan kaping kalihe malih | kagungan sri narendra | nênggih bumi Kêdhu | sampun kathah-kathah risak | sri narendra ngandika lah iya adhi | nuli sira papasa ||

74. aywa kongsi abra iku adhi | tuwan mayor matur malih sira | yèn marêngana lêgane | galih dalêm pukulun | ulun mangkat ing benjing-enjing | dhatêng ing Salatiga | padandanan ulun | inggih saking Salatiga | sang natangling iya ingsun anyangoni | adhi slamêt kewala ||

75. tuwan mayor sigra amit mijil | saking pura ngloji sapraptanya | ngaturi Dyan Dipatine | Pringgalaya anuju | nuju wontên Kartasurèki | wau sapraptanira | Dyan Pringgalayèku | ing loji sampun winartan | lamun mayor mring Kêdhu ing dintên benjing | mangkat dèn krêsèng wuntat ||

231. Pangkur

1. tuwan mayor aris mojar | dhatêng Radèn Pringgalaya Dipati | rahadyan dèn pênêd kantun | atêngga mring sang nata | Kumpêni Islam wasta Kapitan Tolung | punika kang kula bêkta | lan dragundur

--- 31 : 64 ---

kewalèki ||

2. saurnya Dyan Pringgalaya | pintên banggi yèn kinuwatkên mami | sarya pêparentah sampun | rahadèn mring Sarangan | kang wus ngalih nama Surawacanèku | kinèn asaosa tundhan | kang marang Salatigèki ||

3. ri sampuning pêparentah | radèn adipati wus pamit mulih | mayor mangkat enjingipun | dhatêng ing Salatiga | sapraptaning Salatiga wus katêmu | lan Dipati Sindurêja | mayor apitakèn aglis ||

4. wartane Sêcanagara | wontên pundi pakuwonipun mangkin | miwah pun Kartadipèku | Ngandong punapa Tunggal | Kya Dipati Sindurêja aris muwus | atutur mring mayor sira | tuwan têlikira prapti ||

5. ature dhatêng ing kula | inggih pun Sêcanagara ing mangkin | ênggènipun amakuwun | wontên ing Samirana | dening pun Kartadipa Ngandong puniku | mangke wus pênêd manahnya | malah jêng-ajêngan jurit ||

6. kalih pun Sêcanagara | nanging sampun atanglêd ing ajurit | mayor aparentah sampun | mring Radèn Mangkupraja | kalih Kya Natayuda katiganipun | Kiyai Dêmang Urawan | kinèn aputusan sami ||

7. dhatêng Kêdhu anêlika | katiganya nuntên utusan sami | anêlik mring bumi Kêdhu | sami arêbat para | laminira dènnya kesah kalih dalu | ponang têlik sarêng prapta | gya binêkta dhatêng loji ||

8. sapraptaning ngarsanira | tuwan mayor nuntên Ki Adipati [A...]

--- 31 : 65 ---

[...dipati] | Sindurêja kang dinangu | mring tuwan mayor sira | têlik prapta kadipundi aturipun | gya Sindurêja lingira | inggih nunggil atur sami ||

9. yèn mangke Sêcanagara | wontên Samirana gènipun baris | wontêndening rêmbagipun | dènnya mêthuk ing aprang | pinggiring Elo rêrêmpon sêdyanipun | kalawan sakancanira | mayor apitakèn malih ||

10. kang tinakèkakên gènnya | Kartadipa panggènanipun pundi | Ki Wiragunaris matur | inggih pun Kartadipa | ing panggenanipun ing Wiladasèwu | sêdya amêthuk ing marga | kewala mring tuwan benjing ||

11. tumulya apêparentah | tuwan mayor dhatêng ki adipati | yèn makatên besuk-esuk | inggih kula umangkat | dupi sontên pukul gangsal wayahipun | ki dipati pêparentah | dhatêng ing kancanirèki ||

12. sampuning kaparentahan | kancanira anulya bubar sami | dhatêng pamondhokanipun | samya tata pakaryan | ingkang warni tundhan kang badhe mêmikul | sasampunira mangkana | ya ta kawarnaa enjing ||

13. sigra mangkat saha wadya | tuwan mayor saking Salatigèki | myang Dipati Sindurjèku | saha wadya kancanya | sapangiwa punggawa tan wontên kantun | samya umiring sadaya | mring mayor lampahirèki ||

14. ginêlak ing lampahira | tuwan mayor kadalon sirèng margi | amondhok ing Têgalrandhu | enjing sira umangkat | Kartadipa ing Andong [A...]

--- 31 : 66 ---

[...ndong] wau kapangguh | apan amêthuk ing marga | lan tuwan mayor wus panggih ||

15. tuwan mayor gya têtanya | mring Ki Kartadiparis dènnya angling | hèh Kyai Kartadipèku | wontên pundi kang mêngsah | aturipun Kartadipa inggih mungsuh | tuwan wontên Samirana | badhe gènnya mêthuk jurit ||

16. ing Elo pangarahira | arêrêmpon sêdya angantêp jurit | ya ta mayor lampahipun | sigra lajêng ginêlak | lampahira ing Andong pan sampun rawuh | samana wus masanggrahan | sadaya wus mondhok sami ||

17. nulya Kyai Sindurêja | angundhangi ing kancanira mantri | miwah punggawa katêlu | ingajak pakumpulan | dhatêng ngarsanira mayor rêmbag laku | sampuning pêpak sadaya | nèng pondhoknya mayor sami ||

18. nulya tinrantun samana | wadana têtiga ing Kêdhu sami | dèrèng wontên gadhah rêmbug | nuntên Ki Kartadipa | gadhah rêmbug dhatêng mayor aturipun | lamun sambada ing karsa | kula piyambak rumiyin ||

19. kula yonane piyambak | pan sadaya kèndêla Ngandong ngriki | nulya Kya Sindurêjèku | anging suka pirêmbag | dhatêng mayor sapunika rêmbagipun | kajênge pun Kartadipa | kula botên nyuwawèni ||

20. yèn lumampaha piyambak | anglampahi apêranga kariyin | yèn wontêna tiwasipun | kawon dènnya ayuda | têmahipun anglêlingsêmi ing laku | sanadyan tuwan kèndêla | wontên ing Andong ing ngriki ||

--- 31 : 67 ---

21. inggih sadintên punika | nanging sakathahipun tiyang Jawi | kula lampahkên rumuhun | mayor èwêd tyasira | amiyarsa Sindurêja rêmbagipun | wontên sumêlanging driya | mayor tumulya sirangling ||

22. hèh Kiyai Sindurêja | sakathahing rêmbug punika ugi | tan kula angge sadarum | mangke parentah kula | sakathahe priyayi Jawi puniku | nunggila lampah kewala | lajêng mundur lan Kumpêni ||

232. Durma

1. ri sampuning mayor dadya kang pirêmbag | yèn mangkat benjing-enjing | nulya aluwaran | saking ing kêkumpulan | ing dalu datan winarni | enjing saksana | sadaya mangkat sami ||

2. tuwan mayor saksana age praptaa | dhusun Samiranèki | lampahnya ginêlak | pangajênging lumampah | ing Andong Kartadipèki | sarowangira | sawetan Ngelo prapti ||

3. wus katingal ing mêngsah tata atarap | andhèr pinggiring kali | Elo ilènira | nulya umajêng samya | myang Ki Sêcanagarèki | amalang kadhak | pinayungan wadyèki ||

4. sawarnine têtiyang Kêdhu samana | samya dipun undhangi | dharata sadaya | aywa kacêlak kuda | kang kalêbu sanak mami | nitiha kuda | sudukan janji mami ||

5. punapadene yèn tilara galanggang | nyolong palayunèki | sayêktine uga | iya ngong karya lunas | sadaya kang rupa mantri | Kêdhu sagahnya | tan gingsir ing prajanji ||

6. wusnya mupakat janji tan gumingsira |

--- 31 : 68 ---

sarêng arêmpu sami | gya majêng saksana | wadya Kêdhu sadaya | pinggir Ngelo wus dèn rampid | gènnya atadhah | panêmpuhing Kumpêni ||

7. ri sampunira wau atata gêlar | wong Kêdhu sigra prapti | wadya Kartasura | myang Kumpêni sadaya | wruh yèn wong Kêdhu nanggêni | datan ataha | tyasnya wadya Kumpêni ||

8. pan ginêlak Kumpêni ing lampahira | sêdya angamuk wani | katranggul ing toya | lèpèn Elo samana | datan kêna dèn gêbyuri | rumpiling papan | dadya aêlêt kali ||

9. pêrangira bêdhil-binêdhil kewala | dadya tan ana gingsir | wong Kêdhu samana | didrèl awantya-wantya | apindha guguring ardi | bêdhil swaranya | pangêdrèling Kumpêni ||

10. nanging wong Kêdhu maksih panggah yudanya | tan miris dening bêdhil | ngandêlakên toya | lèpèn Elo samana | apakewuh dèn gêbyuri | mimis tibanya | datan amiyatani ||

11. sawab nglangkungi lèpèn dadya abêrnya | tibane ingkang mimis | mila datan obah | wau Sêcanagara | eca ngêdhangkrang nindhihi | ing wadyanira | mayor awas ningali ||

12. yèn têtindhih yudane mêngsah tan obah | arsa dipun sabrangi | pakewuhing papan | nulya mayor angatag | mring Kapitan Tolung aglis | anabrangana | angularana margi ||

13. Kapitan Tolung sigra ngulari marga | kang kenging dèn sabrangi | lan sarowangira | angidul lampahira | anulya [anu...]

--- 31 : 69 ---

[...lya] sira amanggih | margi adhakan | gya dèn gêbyuri wani ||

14. sampun nabrang kapitan sarowangira | nulya angamuk wani | nêrod pangamuknya | mêlêng Sêcanagara | sigra Sêcanagaraglis | lumaywa sira | tanpolih anglawani ||

15. bubar sarsaran wadya Kêdhu sadaya | kawonira ajurit | samya rêbat para | wau Sêcanagara | binujêng tan dèn anggopi | dhatêng kapitan | kacandhak rowangnèkiki |[15]|

16. pan kakalih tinumbakan samya pêjah | gya dragundêr Walandi | tan adangu prapta | sampun sami anabrang | lajêng bujêng mungsuh sami | kathah kacandhak | mêngsah pan dèn pêdhangi ||

17. wontên mantri satunggal kacandhak pêjah | tinumbak kuli-kuli | ran Kartahudaya | de pun Sêcanagara | lajêng palayunirèki | mênggah lampahnya | dhatêng ing rêdi Sumbing ||

18. tuwan mayor samana wus pamondhokan | anèng Samiranèki | sadalu samana | nulya enjingnya bubar | saking ing Samiranèki | ing Têpasaran | sêdya kang dèn tuguri ||

19. tuwan mayor lampahnya pan dawêg prapta | dhusun ing Pakiswiring | ya ta Mangkuyuda | kêcil kapêthuk sira | lan mayor lampahirèki | sarêng lan biyang- | ngira[16] sing kang rumiring ||

20. dening lampahira arsa anungkula | sira Mangkuyudèki | mring mayor pan agya | arsa apêpanggiha | katuju sira ing margi | kapêthuk sira | lan Mayor Pakiswiring ||

21. mila sarêng panggihe Ki Mangkuyuda | lan Mayor Pakiswiring | dadya

--- 31 : 70 ---

katarima | wau panungkulira | mring Mayor Mangkuyudèki | Kya Sindurêja | pan sampun dèn wartèni ||

22. dhatêng mayor yèn têluk ing Mangkuyuda | langkung lêga tyasnèki | Kyai Sindurêja | lajêng nulya umangkat | mayor wus nabrang Paragi | myang Sindurêja | Têpasaran wus prapti ||

23. tuwan mayor wus makuwon sawadyanya | miwah punggawa Jawi | wusing pamondhokan | dènyarsa tugur samya | wusing sadaya amrêgil | mayor parentah | mring Ki Kartadipèki ||

24. apan kinèn Kartadipa ambujênga | mring Sêcanagarèki | ing sapurugira | kinèn wau ngêsuka | sigra Ki Kartadipèki | enjing umangkat | mring Selapapang aglis ||

25. sapraptane wau dhusun Selapapang | apan kêpanggih sêpi | sakiwa têngênnya | anuntên wontên warta | yèn pun Sêcanagarèki | minggah ing arga | ingaran ardi Sumbing ||

26. wus tinitik linari ing purugira | Ki Sêcanagarèki | mring Ki Kartadipa | mêksa tan antuk warta | Kartadipa bubar aglis | wangsul lampahnya | angrêrayah samargi ||

27. kalih dalu laminya dènira kesah | sapraptanira nuli | ngaturi uninga | wau Ki Kartadipa | mring mayor aris dènnyangling | lampah kawula | tuwan datan amanggih ||

28. têtiyang sakiwa têngên Selapapang | suwêng sadaya sami | sigra pêparentah | mayor mring sakathahnya | priyayi Kêdhu sakèhing | sami ingatag | angularana warti ||

29. ing wartane ênggène Sêcanagara |

--- 31 : 71 ---

puniku dèn angudi | angulari warta | gèning Sêcanagara | poma sampun wontên mulih | sakathahira | kang angulari warti ||

30. yèn dèrèng antuk warta ingkang kantênan | gèn Sêcanagarèki | nulya sami mangkat | wau ingkang dinuta | ngulari ênggènirèki | Sêcanagara | dening wau kang wingking ||

31. Mangkuyuda datan kenging atêbiha | lan tuwan mayor nênggih | kinèn mondhok sira | anèng loji kewala | de salêlinggihirèki | maksih tan owah | tinêtêpakên mangkin ||

32. wontêndening têtiyang ingkang dinuta | sami ngulari warti | nglari ênggènira | nênggih Sêcanagara | samana pan sami prapti | atur uninga | yèn Sêcanagarèki ||

33. ing mangke sampun anunggil ênggènira | Radèn Mas Guntur nênggih | wastane ênggènnya | Radèn Guntur punika | anênggih ing gunung Kêlir | mayor lingira | yèn makatên wartèki ||

34. botên dadi punapaa yèn mangkana | nadyan wangsula malih | Kyai Wiraguna | myang Kyai Natayuda | kadi purun anadhahi | miwah andika | Kyai Mangkuyudèki ||

35. lan malihe hèh Kiyai Mangkuyuda | punapa sampun prapti | mangke rencang dika | ature Mangkuyuda | inggih tuwan sampun prapti | rencang kawula | sampun pêpak nèng ngriki ||

36. nuntên Kyai Sindurêja aris mojar | mring Ki Mangkuyudèki | mangkana lingira | hèh sanak Mangkuyuda | tuwan parentah ing mangkin |

--- 31 : 72 ---

mring pakênira | kinèn kasukan mami ||

37. lah pakênira utusana gamêlan | lan sasamaktanèki | dandanan kasukan | anayub dèn samêkta | kang arupa panjang piring | dèn utusana | ywa dadi brangta kingkin ||

233. Asmaradana

1. sandia aturirèki | wau Kyai Mangkuyuda | wusing tampi parentahe | mayor kang dhawuh samana | saking Ki Sindurêja | Mangkuyuda sampun mundur | sing ngarsa mring pamondhokan ||

2. anulya sira ngusungi | adandananing awisma | sampun sami prapta kabèh | ing pondhoke Mangkuyuda | mayor kang kawuwusa | apan rêrêmbagan wau | lan Dipati Sindurêja ||

3. kang rinêmbugakên nênggih | prakawis Dyan Mangkupraja | arsa tinêtêpkên mangke | ing salêlênggahanira | miwah Ki Mangkuyuda | myang Kyai Natayudèku | dening Ki Sutawijaya ||

4. karsaning mayor ing mangkin | dinamêl Dêmang Urawan | wau Ki Sindurêjane | dhatêng ngrêmbagi kewala | nuntên sami utusan | dhatêng loji sadayèku | sapraptane loji samya ||

5. tinantun mring mayor sami | inggih priyayi têtiga | kapat Ki Wiragunane | upama kula tilara | kadipundi andika | punapa andika purun | nanggoni yèn mungsuh prapta ||

6. inggih Sêcanagarèki | tuwin lamun anggawaa | kang nama Radèn Gunture | kang tinantun aturira | tuwan sampun sumêlang | ing nala kawula purun | inggih sakawan punika ||

7. tuwan mayor sigra angling | mring Dipati [Di...]

--- 31 : 73 ---

[...pati] Sindurêja | yèn salamêt benjing êmbèn | Ki Dipati kula mangkat | dening kang kula tilar | Ki Puspatruna puniku | kanthia Ki Sêtradipa ||

8. nuntên enjingipun sami | pêparentah mêpak tundhan | undhang yèn mayor yun mulèh | nuntên sami kalêmpakan | dhatêng loji samana | sampuning priyayi kumpul | wontên ing loji sadaya ||

9. anulya cinêkêl aglis | wau Kyai Mangkuyuda | lajêng jinarah sakèhe | darbèke Ki Mangkuyuda | de Ki Mangkuyudanya | samana ginêdhong sampun | sarta kalih rabinira ||

10. nuntên enjingipun aglis | tuwan mayor budhalira | mantuk mring Kartasurane | lan Dipati Sindurêja | dene ingkang tinilar | wadana têtiga wau | Natayuda Wiraguna ||

11. katiga Mangkuprajèki | dening Kyai Mangkuyuda | binêkta sanak rabine | dhatêng nagri Kartasura | tan kawarna ing marga | praptaning Kartasurèku | mayor lajêng manjing pura ||

12. arsatur uning ring aji | sapraptaning ngarsa nata | mayor atur salamête | sarta ngunjuki uninga | yèn mangke abdi nata | pun Mangkuyuda pukulun | punika kawula bêkta ||

13. mangke kabêkta mariki | sumăngga karsa sang nata | angandi sang akatong |[17] iku luwih karêpira | dene yèn ingsun karya | malih kapriyayènipun | ingsun kaya kurang janma ||

14. iya saulihirèki | adhi sapa sira tilar | nèng Kêdhu dadi pakukoh |

--- 31 : 74 ---

tuwan mayor aturira | inggih abdi paduka | pun Wiraguna Tumênggung | lan Tumênggung Natayuda ||

15. miwah Dyan Mangkuyudèki | sakawan Dêmang Urawan | ri sampun têlas ature | tuwan mayor pamit mêdal | sapraptanirèng jaba | pan amrênahakên sampun | panggenane Mangkuyuda ||

16. nulya enjingipun malih | Dyan Dipati Pringgalaya | dhatêng saking ing Salane | manggihi mayor praptanya | tanya wilujêngira | samana mayor atutur | yèn mêngsah sampun lumaywa ||

17. purugipun pan anunggil | dhatêng Dyan Guntur ênggènnya | desa Kêdhu panggonane | ing mangke sampun dèn tilar | sampun kancikan rowang | sadaya sampun tinutur | nulya mayor sung uninga ||

18. dhatêng rahadèn dipati | yèn mayor arsa mring Sala | radèn dipati wuwuse | inggih ecane kang manah | ênggèn kula saosa | sampun ingaturan wau | dhahar Radèn Pringgalaya ||

19. anuntên mantuk tumuli | Dyan Pringgalaya mring Sala | anulya wau enjinge | mayor lumampah mring Sala | mriksa badhe lojinya | kang warni lêlarènipun | dawêg ginarap samana ||

20. mring têtiyang Sokawati | kang sami anambut karya | mayor samana lampahe | apan sami rêrêmbagan | lan Radèn Pringgalaya | mayor susahe tyasipun | kang ngusung banon Lawiyan ||

21. samana Radèn Dipati | Pringgalaya suka rêmbag | mangkana radèn rêmbage | yèn marêngi [ma...]

--- 31 : 75 ---

[...rêngi] karsa tuwan | pintên bêtahanira | atrap banon gèn angusung | angsal pintên ngusung bata ||

22. yèn mênggah kula pribadi | yèn rêmbag karsa lan tuwan | lêhêng wasisan gawene | inggih kula kèn anyithak | pan panginggile benjang | măngsa wandea puniku | tuwan kula kang anggarap ||

23. tuwan mayor anauri | yèn makatên karsa dika | rahadèn langkung pênêde | anuntên kaparentahan | sadaya samya nyithak | ri sampunira arêmbug | tuwan mayor mantuk sira ||

24. sawingkingnya mayor nuli | sira rahadèn dipatya | pêparentah nyithak age | sasampunira mangkana | antawis laminira | ing samadya wulanipun | sri narendra acangkrama ||

25. dhatêng ing Sala anênggih | mariksa badhe kadhatyan | miwah kang badhe lojine | sapraptanipun ing Sala | wau sri naranata | pinarak munggwing têtarub | kang sami siwakèng ngarsa ||

26. sira Rahadèn Dipati | Pringgalaya lawan sira | Pangeran Mangkubumine | samana sami nèng Sala | jênêngi nambut karya | aris ngandika sang prabu | dhatêng Radèn Pringgalaya ||

27. hèh iya Pringgalayèki | mungguh kang pasthi kadhatyan | iku garapên dèn age | dening ing pangalih ingwang | besuk ing taun Êdal | kang liningan nêmbah matur | inggih anuwun sandika ||

28. nulya kang tadhahan prapti | linadosakên saksana | sang nata adhahar alon | ri sampuning nata dhahar | linorota [lino...]

--- 31 : 76 ---

[...rota] carikan | pinaringkên punggawagung | mring Rahadèn Pringgalaya ||

29. anulya samya binukti | sira Radèn Pringgalaya | warata sawadya kabèh | pakathik tan kaliwatan | ri sampuning anadhah | sang nata anulya kondur | mantuk dhatêng Kartasura ||

30. sakathahe ingkang abdi | kang warni mantri punggawa | pan samya umiring kabèh | sapraptaning dalêm pura | urmat têngara munya | mariyêm pating jalêgur | mayor wus mêdal sing pura ||

31. myang para punggawa mantri | Adipati Pringgalaya | wus bubar sapanêkare | tan kawarna laminira | sampun aganti warsa | nuju Êdal taunipun | praptaning ubaya warsa ||

32. dhawuh parentah narpati | angundhangi wadyabala | yèn sang nata karsa bodhol | gumingsir atilar praja | ngalih dhatêng ing Sala | dhawuhing parentah prabu | otêre wong sanagara ||

33. pan datan antara malih | lajêng dandanane pura | kang yogya kinriyinake | datan pêgat ingusungan | sabên dina mangkana | tan pêgat ingusung-usung | myang kagunganing narendra ||

34. wênèh wadyaning narpati | kang wus lami nambut karya | kang rumiyin pangalihe | dhumatêng bumi ing Sala | tan antara sang nata | dintên Rêbo bodholipun | apindha pêksi sarkara ||

234. Dhandhanggula

1. ari Arbanga tanggale kaping | pitulas Sura ing taun Êdal | pratala arga obahe | janma sangkala prabu |[18] gingsirira atilar puri | praja ing Kartasura [Kartasu...]

--- 31 : 77 ---

[...ra] | kang wadya gumuruh | tan wontên purun kantuna | abdi nata agêng alit jalu èstri | bubar sarêng sadina ||

2. apuyêngan ingkang wadya alit | pan akathah ingkang tilar wisma | kasêsa saking repote | myang kathah ngusung-usung | rêreyongan anèng ing margi | wênèh mopo Nglangkungan | myang Pajang dêdunung | tan sagêd angusung wisma | kang sawênèh Baturana kang dèn ungsi | tan sagêd yèn kantuna ||

3. ri sampuning ngadhaton narpati | samana wontên ing bumi Sala | wus madêg nama prajane | bumi ing Sala wau | namanira sampun ingalih | nguni araning Sala | pan sampun rinacut | mangkya aran Surakarta | Adiningrat prajanira sang narpati | têntrêm manahing wadya ||

4. wontêndene ing Kartasurèki | samantunira kinarya praja | sampun ingalih namane | ngantukakên rumuhun | kala taksih dhusunirèki | winastan Wanakarta | apan wus misuwur | mring sakathahing wong Jawa | wusing Kartasura yèn ingalih nami | winastan Wanakarta ||[19]

--- 31 : [0] ---

191. Adipati Cakraningrat ambiyantu Pangeran Prangwadana. (Asmaradana, Pangkur, Durma, Dhandhanggula). ... kaca 31

192. Nyirêp kraman ing Kêdhu. Dhusun Sala dados nagari nama Surakarta Adiningrat. (Dhandhanggula, Pangkur, Durma, Asmaradana, Dhandhanggula). ... kaca 52

 


Titik awal: Babad Tanah Jawi, Jilid 31 (Serie No. 1289dd). Batawi Sèntrêm: Bale Pustaka, 1941, 77 hlm. Judul jilid: Kadhaton Kartasura kapindhah dhatêng dhusun Sala, ingkang lajêng nama Surakarta Adiningrat. (kembali)
Lebih satu suku kata: mring panjênêngan sang katong. (kembali)
sri. (kembali)
Tanggal: Êje (Je): sirnaning gunung angobahakên pratala (AJ 1670). Tahun AJ 1670 jatuh antara tanggal Masehi: 4 Februari 1745 sampai dengan 23 Januari 1746. (kembali)
rawuhipun. (kembali)
Lebih satu suku kata, dan biasanya guru lagu e: kang dinuta wadya gandhèk. (kembali)
Kurang satu suku kata, dan biasanya guru lagu u: ya enggal bubaripun. (kembali)
Kurang satu suku kata: pun alpèrès lajêng kinanthi. (kembali)
ira. (kembali)
10 umiring. (kembali)
11 mayiting (dan di tempat lain). (kembali)
12 luhung. (kembali)
13 wus. (kembali)
14 pitadosipun. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: kacandhak rowangnèki. (kembali)
16 ira. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: angandika sang akatong. (kembali)
18 Tanggal: Arbanga (Rêbo) pitulas (17) Sura Êdal (Dal): pratala arga obahe janma (AJ 1671). Tanggal Masehi: Rabu 9 Februari 1746. Tanggal ini mengacu pada perpindahan resmi Pakubuwana II (bertakhta 1726–49) dari Kartasura ke Surakarta. Bandingkan: BG Balai Pustaka. (kembali)
19 Lajêng nyandhak Babad Giyanti Jilid 1. (kembali)