Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

BABAD TANAH DJAWI No. I.

Punika Sêrat

Babad Tanah Jawi

Ôngka 1

Anyariyosakên awit kêraton Pêjajaran saengga dumugi kêraton Pajang, ngantos sedanipun Sultan Pajang. Mawi kasêkarakên. Ingkang nyaosi babonipun, Wêdana Dhistrik Magêtan, Radèn Panji Jayasubrata.

Kaêcap dening Tuwan G.C.T. van Dhorêp en Ko, ing nagari Sêmarang – Surabaya – Bandhung, taun 1923.

--- 1 : [1] ---

Punika Sêrat

Babad Tanah Jawi

Ôngka 1

Anyariyosakên awit kêraton Pêjajaran saingga dumugi kêraton Pajang, ngantos sedanipun Sultan Pajang. Mawi kasêkarakên. Ingkang nyaosi babonipun, Wêdana Dhistrik Magêtan, Radèn Panji Jayasubrata.

Kaêcap dening Tuwan G.C.T. van Dhorêp en Ko, ing nagari Sêmarang – Surabaya – Bandhung, taun 1923.

--- 1 : [2] ---

[...]

--- 1 : [3] ---

1. DhandhanggulaTeks asli: Pupuh Dhandhanggula.

1. jam sangenjing Buda Kliwon nênggih | sasi Rabingulakir tanggalnya | ping sanga likur taune | Jimawal wuku Wugu | môngsa surya kawolu nênggih | sêngkala tanah Jawa | mangke kang dèn etung | siking ratu naganing ratSengkalan: siking ratu naganing rat (Buda Kliwon, 29 Rabingulakir 1813 A.J., Rabu Kliwon, 27 Februari 1884 A.D.). | undêrsêtan wêdana Rahadèn Panji | Jayasubrata lagya ||

2. nandhang papa nèng nêgri Sêmawis | kinèn nurun kang carita Buda | dhumatêng ing tuwan toko | van Dhorêp en Ko mêngku | pêngêcapaning Sastra Jawi | wiwitipun carita | nênggih kang winuwus | Sri Pêjajaran pamungkas | pan ing mangke miwiti caritanèki | tinrap sêkar macapat ||

3. kang jinêjêr carita kinawi | Sang Prabu Pêjajaran wêkasan | langkung luhur kêratone | angrèh samaning ratu | tanah Jawa sabrang sumiwi | ngaturkên upêktinya | sabên-sabên taun | kunjuk Natèng Pêjajaran | duk sêmana marêngi sawiji ari | nimbali kyana patya ||

4. sampun prapta ngarsane sang aji | kyana patih manêmbah pra nata | sang nata lon ngandikane | hèh patih sira ngrungu | ngêndi ana jalma linuwih | luwih samaning jalma | kang sakiranipun | ngregoni jênêng ngong nata | ya ta nêmbah umatur rêkyana patih | pukulun sri narendra ||

5. inggih ulun amiyarsa warti

--- 1 : 4 ---

ardi Wanakrama dhepokira | Sidikwêcana wastane | pandhita langkung luhung | tinarima sasêdyanèki | barang ingkang cinipta | saèstu maujud | wuninga dèrèng winarah | kinasihan ing dewa sasolahnèki | arewa-rewa raja ||

6. sri narendra sarêng amiyarsi | angartika sajroning wardaya | miyarsa patih ature | yèn ora ingsun suwuk | angregoni sapungkur mami | sun têdha ing juwata | ing sapungkur ingsun | sabanjure tanah Jawa | aja liya turun sun kang madêg aji | sang nata lon ngandika ||

7. hèh ta patih karsaningsun iki | sira dhewe ingkang lumakua | mring gunung Wanakrama ge | katêmu lan sang wiku | Sidik angling sang maharêsi | anggawa sêlir ingwang | sandinên puniku | yaiku sêlir manira | sun kandhuti bokor kêncana kang rêmpid | tumuli sinabukan ||

8. kang supaya ywa nganti kaèksi | akatona yèn mêtêng têmênan | pitung wulan ing wayahe | konên badhe puniku | hèh ta patih kang jabang bayi | pa wadon apa lanang | badhene yèn luput | ya môngsa bodhoa sira | kyana patih sandika aturirèki | tômpa sêmu narendra ||

9. sêlirira kangjêng sri bupati | winêdalkên saking jroning pura | sampun kinandhutan bokor | sinabukan barukut | rangkêp sapta ingkang jêjarit | kamyat lir mêtêng sapta | kyana patih sampun | atampi sêlir narendra | tinitihkên ing joli pinikul aglis [a...]

--- 1 : 5 ---

[...glis] | lan kalih êmbanira ||

10. nêmbah lèngsèr kya patih lumaris | sri narendra kundur angêdhatyan | sigêgên wau sang katong | kya patih kang winuwus | alêstari dènnya lumaris | minggah maring aldaka | Wanakrama wau | mantri sêkawan tut wuntat | ya ta sigêg wau kang lagya lumaris | kocapa sang pandhita ||

11. lênggah anèng dhepokira singgih | pan ingayap cantrik myang jêjanggan | miwah uluguntung jèjèr | pra endhang atap ngayun | sang pandhita ngandika aris | sagunge sabat iwangingwang | padha wruha iku | bakal ana dhayoh prapta | utusane Pêjajaran Sri Bupati | padha acêcawisa ||

12. gya tumandang prasami sêsaji | wus sampurna dènira samêkta | datan antara praptane | lajêng tumamèng ngayun | sang pandhita pra nata nuli | wus sami tata lênggah | kyana patih matur | mila umarêk kawula | ngarsa tuwan ingutus sri narapati | ngaturakên kang salam ||

13. kaping kalih kangjêng sri bupati | ngaturakên ing garwa narendra | pamingking duk wawrat anèm | karsanya sang aprabu | tuwan kinèn mêca puniki | rare kang nèng wêtêngan | èstri napa jalu | sang tapa sarêng miyarsa | mèsêm ing tyas wusana ngandika aris | hèh patih wruhanira ||

14. dènnya bobot sêlire sang aji | iku benjang lamun mêtu priya | tur prawira ing palugon | akèh kawignyanipun | kyana patih sarêng miyarsi | dhawuhe sang pandhita

--- 1 : 6 ---

sakêlangkung bêndu | osike sajro wardaya | iki ajar kêparat pangucapnèki | agêmblung ngamadaka ||

15. kudu-kudu lumaku sumidik | dèn anggêpa marang jalma liya | apa kang dadi ujare | wusana mring ginugung | dene bokor pinêca bayi | sêbrak narik curiga | ki ajar sinuduk | jaja têrus ing walikat | gya aniba ki ajar sampun ngêmasi | layon gumuling kisma ||

16. karsanira wau kyana patih | arsa tinigas kang ponang jôngga | lajêng musna kuwandane | ya ta na swara krungu | hèh Patih Pêjajaran mangkin | tan bisa malês ingwang | pan iya ing besuk | ingsun malês marang sira | yèn wawratan puniku besuk wus mijil | lawan sira matura ||

17. mring ratumu Pêjajaran benjing | iya ngambung marang konthol ingwang | yèn bocah iku laire | gawok kya patih ngrungu | ya ta alon muwus mring sêlir | dawêg dika lukara | anggèn dika ngandhut | bokor mas wau sang rêtna | ya ta nulya udhête dipun uculi | bokornya datan ana ||

18. ambalêdhuk wêtênge sayêkti | lamun wawrat pantês tigang côndra | sang ayu dènira bobot | kya patih tyasnya gêtun | lajêng mudhun saking ing ardi | tan winarna nèng marga | wus praptèng kêdhatun | lajêng tumamèng ngajêngan | nêmbah matur sêdaya solahirèki | purwa madya wêsana ||

19. dupi myarsa wau sri bupati | langkung dènnya ngungun ing wardaya | pawèstri pinirsa age | inggih

--- 1 : 7 ---

wawrat saèstu | angandika sri narapati | yèn mangkono karsèngwang | kêbonêna iku | pêrnahêna pêtamanan | ya ta lajêng kinêbonakên kang sêlir | sang nata gya kasukan ||

20. lawan para punggawa prasami | dhahar nginum sawadya punggawa | kêlangkung dènira rame | sakarsa-karsa nutug | wus luwaran sri narapati | sang nata wuru dawa | supe sang aprabu | nalika saking kasukan | ya ta lajêng tindak marang tilamnèki | sêlir kang nèng tamanan ||

21. kang binadhe wawrat mring sang rêsi | duk sêmana sang rêtna punika | wawratane maksih anèm | lajêng apulang lulut | nulya kundur sri narapati | malêbêt ing jro pura | gêntia winuwus | sêlir kang anèng tamanan | sakêlangkung dènira nandhang prihatin | nênêdha ing juwata ||

22. tinarima panêdhanirèki | sawusira ing alama-lama | wawratan praptèng mangsane | ambabar miyos jalu | nulya katur sri narapati | sang nata angandika | apa baya iku | kang cinêtha mring si ajar | sigra têdhak sang nata mring taman sari | prapta bayi cinandhak ||

23. gya ingaras kontholira nênggih | jabang bayi sêksana angucap | sang nata iki kêlakon | angambung konthol ingsun | sri narendra sarêng miyarsi | kagyat langkung bramantya | èngêt ing jro kalbu | cêthane para pandhita | anak ingsun kang bakal matèni mami | sang nata angandika ||

24. marang babu mundhut darubêksi [darubê...]

--- 1 : 8 ---

[...ksi] | pinakakkên bayi tan tumama | sang nata saya dukane | karsanya sang aprabu | jabang bayi sinuwir-suwir | ni êmban aturira | dhumatêng sang prabu | dhuh gusti sampun mangkana | sangêt nistha kuntap ing liya nêgari | damêl kucêming praja ||

25. sri narendra yèn arsa mêjahi | langkung gampil tur tan wontên wikan | sang nata pangandikane | biyang paran karêpmu | ing patine bocah puniki | bok êmban atur sêmbah | pukulun sang prabu | rare inggih tinabêla | binucala ing lèpèn Kêrawang gusti | sayêkti lamun pêjah ||

26. sri narendra angandika aris | iya bênêr êmban aturira | rare tinabêla age | lajêng kinèn anglabuh | dhatêng kali Kêrawang aglis | sampun tinrap ing toya | kang tabêla anyut | kentir nut ilining toya | sampun mantuk kang nglabuh gêntya winarni | ki buyut ing Kêrawang ||

27. pakaryane mancing mina kali | anèng têpi bêngawan tumingal | teja awêning cahyane | kadya wulan umancur | kyai buyut osiking ati | lami ngong saba toya | durung nate dulu | ing cahya ingkang mangkana | kyai buyut sêmana lajêng mêrpêki | prapta miyat tabêla ||

28. pan kêsangsang ing bêbara nênggih | kang tabêla sêksana cinandhak | binuka isine rare | cahyanira umancur | manthêr wêning cahya nêlahi | kadya wulan purnama | wau ta ki buyut | sukèng tyas umantuk sigra | wurung dènnya amisaya mina [mi...]

--- 1 : 9 ---

[...na] warih | kang saya kinukudan ||

29. praptèng wisma mojar mring kang èstri | lah ta nyai ingsun ora sida | ngambil iwak bali mulèh | kang garwa alon muwus | kayaparan lah ta kiyai | dingarèn bali sira | apa ombak agung | tuwin barat pôncawara | kyai buyut nauri lah mêngko nyai | manira awêwarta ||

30. ênya iki tampanana nyai | kabênêran ing pênjalukira | katurutan ing dewane | nyi buyut tampi sampun | kang bêbayi dipun tingali | inggaring manahira | sagunung Mahmèru | bêbayi pinulasara | siyang dalu datan pêgat dèn lêlithing | lamine tan kawarna ||

31. sampun agêng ingkang jabang bayi | pan akalis sakathahing lara | lir dinus ing toya gege | wlagang kêlawun-lawun | saya katon warnanya pêkik | ki buyut lan kang garwa | sihira kêlangkung | miyat ingkang putra pelag | wus sapangon wayahira sang apêkik | mular atakon bapa ||

32. sabên dina tan kèndêl abudi | takèn bapa ki buyut saurnya | bok aja mangkono anggèr | bapakira ya ingsun | nanging radèn amêksa budi | ki buyut ing Kêrawang | èmêng driyanipun | wusana wau ngandika | iya sira anak ingsun dhewe kaki | radèn putra ngandika ||

33. nora ngandêl kyai ati mami | kyai buyut èmêng ing wardaya | bok ya ingsun gawe-gawe | ki buyut aris muwus | lah ki jaka nak ingsun kaki | yèn sira durung [du...]

--- 1 : 10 ---

[...rung] trima | ing pitutur ingsun | ingsun aduwe sanakan | amêrtapa kaliwat saking winasis | petangan nujum ramal ||

34. lawan wêruh sadurung winarti | iya nyawa payo pinaranan | atakona sabênêre | ki jaka alon muwus | hèh ta payo pinaran aglis | ênggone mitranira | sêksana lumaku | tan asuwe nulya prapta | anèng wana radèn jaka aningali | pêksi kèh warna-warna ||

35. radèn jaka sêksana ngling aris | hèh ki buyut lah ta apa ika | anglir manungsa warnane | angingkrang dènnya lungguh | kyai buyut ya ta nauri | ika aran wênara | ki jaka amuwus | lan maninge ika apa | kang anèng pang manuk jamang dene bêcik | bagus pandêlêng ingwang ||

36. kyai buyut sêmana nauri | pêksi siyung arane punika | ki jaka aris wuwuse | yèn mangkono ki buyut | sun angalih aran saiki | Jaka Siyungwênara | kaki aran ingsun | ki buyut mangayubagya | ya ta angling Siyungwênara lah êndi | mitranira taruna ||

2. Sinom

1. ki buyut sarêng miyarsa | kêlangkung èmênging ati | kabutuh dènira dora | dadya amicarèng ati | bok sun simpangna iki | lah môngsa wêruha iku | dadya wau angucap | anggèr sanak ingsun dhingin | wus angalih iya saking iki alas ||

2. wisma ana ing nêgara | nyambutgawe pandhe wêsi | nyôngga karyane sang nata |

--- 1 : 11 ---

ing Pêjajaran praja di | Siyungwênara myarsi | sakêlangkung sukèng kalbu | dene ta amicara | Nata Pêjajaran mangkin | osiking tyas rumôngsa wêruh nêgara ||

3. payo jinujul mring praja | sanakira pandhe wêsi | kaya iku nora têbah | lan wismane bapa mami | nulya umangkat aglis | saking ing wana wus mêtu | prapta sajroning praja | jujug wismèng pandhe wêsi | kyai êmpu pinuju kêpanggih lênggah ||

4. nèng bêsalèn nambutkarya | apan eca mandhe wêsi | ki buyut sêmana prapta | lajêng dipun ancarani | kakang andika linggih | lir mina kasrambah ranu | raose manah kula | ing nalika kakang prapti | baya wontên kang dados gatining karsa ||

5. badhe amundhut gêgaman | kudhi pacul miwah linggis | wadung pêthèl tatah gobang | bêndho pangot sêking lading | pecok jara myang wangkil | wêdhung utawine prêkul | kula kakang sumôngga | tan kirang kawula ngriki | warni dhuwung pêdhang tumbak datan kirang ||

6. sampun dadya warna-warna | sumôngga ingkang kinapti | kula kakang tan rumôngsa | darbèni sagung puniki | ya ta ki buyut angling | anêdha kisanak ingsun | milane kula prapta | ing wisma andika ngriki | pêrlu ngatêr dhumatêng putra andika ||

7. inggih Ki Siyungwênara | kadêrêng badhe pêpanggih | dhumatêng ing jêngandika | ki êmpu waspadèng wangsit | putra dika puniki | andika tilar ki buyut | kula tan amrih karya |

--- 1 : 12 ---

Ki Siyungwênara niki | pamrih kula tutuga gènipun dolan ||

8. ing sakarsa-karsanira | ki buyut umiring kapti | sêksana nulya pamitan | Ki Buyut Kêrawang mulih | warnanên lami-lami | Siyungwênara winuwus | tumut sinau manjak | nambutkarya pandhe wêsi | apêparon dhêngkul pukulira asta ||

9. supite darijinira | sagung êmpu aningali | sêdaya prasami cingak | mring Siyungwênara nênggih | dene kaliwat sêkti | lami-lami pan misuwur | sanêgri Pêjajaran | putrane ki êmpu sêkti | tanpa sama sêmbada bagus kang warna ||

10. anglir Sang Hyang Kumajaya | sagung wong kathah kang prapti | mung pêrlu arsa wuninga | dhatêng ki jaka kang warni | sagung wong kang ningali | sami ras-arasên mantuk | sawênèh nginêp pisan | ana kang mèlu ngladèni | dènnya pandhe Ki Jaka Siyungwênara ||

11. sêsêk jêjêl wong kang prapta | tan antuk gon pit-pinipit | sawênèh amènèk wrêksa | ana pagêr dèn pènèki | pagêre bosah-basih | rubuh sirna lêbur tumpur | rusak ingidak jalma | gêdhèg tan na ngadêg siji | tanêm tuwuh ambêlasah wor lan lêmah ||

12. ki pandhe anulya printah | sagung wong ingkang ningali | padha awèha bêlônja | kang somahan sun jaluki | rong reyal wadalnèki | matang reyal lanjaripun | prawane nyangang reyal | dhudha jakane saringgit | kang ningali sêdaya prasami sagah ||

13. aja kari pêpanganan | panggang [pang...]

--- 1 : 13 ---

[...gang] tumpêng aja kari | wong sijine sarampadan | sêdaya sami nyagahi | sêkala nglêksanani | panggang tumpêng ting kalênguk | pangananira aglar | wowohan myang kuwih-kuwih | wedang kopi wedang êtèh wedang soklat ||

14. wedang sêrbad gula-gula | gula arèn gula pasir | gula batu gula klapa | dhuwit dèn wadhahi rinjing | ngantya nêm likur rinjing | ki êmpu bungah kêlangkung | sadina-dina prapta | lan dhuwit prapta dêlidir | nora kari kêmbang borèh dupa-dupa ||

15. yèn dalu pating paluncar | uwong siji obor siji | lampit utawi kêlasa | uwong siji gawa siji | lamun dipun tingali | kadi uwong amêmantu | ya ta ngalama-lama | Siyungwênara apamit | mring ki êmpu arsa lêledhang mring pasar ||

16. ki êmpu alon lingira | ja sira mênyang saiki | iya pasar ngarsa lunga | barênga kalawan mami | adol klithikan iki | ki jaka têmah miturut | sarêng prapta sêmaya | sigra mêdal lurung jawi | lampahira sumêdya marang ing pasar ||

17. praptane anèng ing pasar | Siyungwênara ningali | gajah duk lagi ginuyang | Siyungwênara tanya ris | apa arane iki | ingkang katon angrênggunuk | kyai êmpu lingira | ika gajah ingkang nami | titihane iya kangjêng sri narendra ||

18. ingkang liman duk amulat | ki jaka pêrnahirèki | gajah amarani sigra | prapta mêndhak ingkang èsthi | têlalene tininggil | yèn ngucapa gajah [ga...]

--- 1 : 14 ---

[...jah] iku | suwawi gustiningwang | anitiha gigir mami | kula bêkta malêbêt dhatêng jro pura ||

19. panggih lawan rama tuwan | sampeyan jumênêng aji | ingusap gadhinge gajah | ingusap têlalenèki | sawusira anênggih | Siyungwênara gya mantuk | cingak sagung tumingal | ing sapolah tingkahnèki | sami ngungun mring Jaka Siyungwênara ||

20. ki êmpu atêbah jaja | sangêt jrih ngling èsmu tangis | dhuh gusti atmajaningwang | ya pagene wani-wani | dadi apa sayêkti | yèn kauningan sang prabu | mêsthi lamun tinigas | jangganira lawan mami | iya dadi sapikul sira lan ingwang ||

21. ênêngna Siyungwênara | kocapa sri narapati | Sang Aprabu Pêjajaran | kêrsa miyosi siniwi | ngadu wong aprang tandhing | tinabuhan kalaganjur | gumuruh swaranira | surakira wanti-wanti | pan ki jaka miyarsa amit ing rama ||

22. sumêdya aningalana | jalma ingkang aprang tandhing | ingampah-ampah tan kêna | mêksa dènnyarsa ningali | ki êmpu dènnya angling | lah ta aja aja bagus | dudu tontonan bocah | iku kasukaning aji | maksih cilik sira durung wruh dêduga ||

23. Ki Jaka Siyungwênara | pangucapira abêngis | sira palangana mlumpat | rinantea mêdhot mami | ki jaka mentar aglis | pan kapiandhêm lumayu | Siyungwênara prapta | paseban gya jajar linggih | lan sang prabu tan ana ingkang uninga ||

24. ya ta Ki Siyungwênara | lajêng lumêbêt [lumê...]

--- 1 : 15 ---

[...bêt] ing puri | lampahira wirandhungan | kandhêg nèng bale sawokisawèki | rêsêp sarêng ningali | pan bale sawo puniku | yèn ginêpok kewala | gamêlan sarancak muni | gih punika kalangênaning sang nata ||

25. Ki Jaka Siyungwênara | sêksana lajêng alinggih | umyung swaraning gamêlan | sang prabu kagyat miyarsi | yèn bale sawo muni | anggarjita sang aprabu | gègèr wong sajro pura | myarsa bale sawo muni | sri narendra asangêt ing dukanira ||

26. hèh ta baya iku sapa | iya ingkang wani-wani | bale sawo anggêpoka | hèh mantri jêro sirèki | payo cêkêlên nuli | ingkang wani ganggu-ganggu | mring bale sawo ika | kapêdhak mèlua sami | samya nêmbah lèngsèr saking ngarsa nata ||

27. lampahira sampun prapta | bale sawo pêrnahnèki | Siyungwênara kêpanggya | sarean datanpa kanthi | ya ta tinubruk nuli | sinikêp pra mantri sampun | ya ta Siyungwênara | sêksana anulya kirig | sarwi ajrit ki jaka dènira pêtak ||

28. para mantri ting palêsat | tarung padha rewang sami | ana putung sukunira | balung pêcah iga sêbit | iga putung manguwir | ana pêcah êndhasipun | ana sêmpal baunya | ilat mele amundêlik | muka rêmuk ana ingkang banjur pêjah ||

29. sêkarine ingkang pêjah | kang waras lumayu gêndring | marêk ngarsane sang nata | samya matur ting karêmpis | gusti srasri narapati | ngaturakên tiwas ulun [u...]

--- 1 : 16 ---

[...lun] | nyaoskên pêjah gêsang | sumôngga karsa sang aji | botên sagêd kawula inggih nyêpênga ||

30. sang nata sarêng miyarsa | rêngu angandika wêngis | iku têka êndi bocah | kang nèng bale sawo iki | pra mantri matur aris | pukulun pêngakênipun | saking ing kêpandhean | êmpu lurah ingkang siwi | sumbaripun ing wau kalane mênang ||

31. sang nata asru ngandika | êmpu timbalana aglis | tan adangu praptèng ngarsa | sang nata asru dènnya ngling | apa pandhe sirèki | iya anduwèni sunu | wani-wani malbua | bale sawo ing saiki | lawan sapa arane puniku bocah ||

32. ki êmpu nêmbah turira | inggih gusti atma patik | punika pêparabira | Siyungwênara kang nami | sang nata ngandika ris | ya timbalana anakmu | kyai êmpu sêksana | amarani ingkang siwi | tan adangu prapta ngarsane sang nata ||

33. sang nata sarêng tumingal | wusana ngandika aris | hèh êmpu sira matura | marang mami aja kumbi | apa nakmu pribadi | apa bocah gonmu mupu | ki êmpu matur nêmbah | anak ulun mupu gusti | awitipun saking Ki Buyut Kêrawang ||

34. dene Ki Buyut Kêrawang | angsalipun gènnya manggih | wontên lêbêting gêndhaga | wontên lèpèn Krawang kèli | kentir wontên ing warih | kasangsang bara puniku | lajêng pinulasara | ki buyut kang gumatèni | pan mêkatên inggih angsalipun kina ||

35. sang nata sarêng miyarsa | kêraos [kêra...]

--- 1 : 17 ---

[...os] sajroning galih | datan samar sri narendra | èstu putrane ing nguni | kang linabuh ing kali | wusana ngandika arum | iya salawasira | anèng kowe bocah iki | iya apa kang dadi kagunanira ||

36. ki êmpu matur anêmbah | inggih gusti angungkuli | sagunging êmpu sêdaya | sang nata ngandika malih | sun pundhut bocah iki | sumôngga kiyai êmpu | nata eca ngandika | kêsaru gègèr ing jawi | alun-alun wadyabala apuyêngan ||

37. gajahira sri narendra | amêta angobrak-abrik | kathah jalma kapicondhang | ingidak akèh kang mati | tinalale ginadhing | lajêng kunjuk sang aprabu | ingkang dipôngga mêta | wadya lit kathah ngêmasi | angandika wau kangjêng sri narendra ||

38. hèh sagung prajurit ingwang | padha pagutên dèn aglis | tumandang para prawira | angêmbari ponang èsthi | tumbak pêdhang myang bêdhil | suwaranira gumuruh | rame ulêng-ulêngan | saya gambira kang èsthi | singa ingkang sinêrang pating sulayah ||

39. akèh jalma kasêrakat | ngalun-alun sarah mayit | kang wangke susun atumpang | katur kangjêng sri bupati | prajurit sirna gusis | tan wontên ingkang tumangguh | sang nata angandika | sapa bisa nyêkêl èsthi | ingsun kulawisudha sapungkurira ||

3. Pangkur

1. ngong junjung pêlungguhira | ya ta nêmbah Siyungwênara aglis | dhuh pukulun sang aprabu | kawula ingkang

--- 1 : 18 ---

sagah | anyêpênga inggih dipôngga puniku | sang nata asru ngandika | lah dèn kalêksanan nuli ||

2. nêmbah lèngsèr saking ngarsa | Jaka Siyungwênara sampun prapti | satêngahing alun-alun | praptèng ngarsa dipôngga | gajah mêndhêk têlale ngacung mêndhuwur | gya ingusap gadhingira | têlale cinandhak aglis ||

3. hèh gajah payo mrenea | gya lumampah Siyungwênara ngarsi | dipôngga lumampah pungkur | ginawa mring wantilan | sampun praptèng nèng wantilan gajah wau | Siyungwênara parentah | dhumatêng para sêrati ||

4. lah payo sira rantea | dyan tumandang sagung para sêrati | dipôngga rinante sampun | tutut datanpa polah | ya ta Siyungwênara marêk sang prabu | prapta ngarsa lajêng nêmbah | sukèng tyas wau sang aji ||

5. sang nata lajêng ngandika | lah ta iya Siyungwênara iki | samêngko sun junjung lungguh | dadi dipati ngarsa | angrèhêna sakabèhing êmpu-êmpu | bawah praja Pêjajaran | lawan sun paringi nami ||

6. Arya Banyakwidhe iya | dèn misuwur sira undhangna patih | sandika ki patih sampun | undhang dhawuh narendra | wus misuwur sang nata kundur ngêdhatun | langkung dènnya kapêrcaya | Banyakwidhe Adipati ||

7. wusira ngalama-lama | Adipati Banyakwidhe anênggih | ngumpulakên para êmpu | wus aglar anèng ngarsa | Ki Dipati Banyakwidhe alon muwus | hèh sira êmpu samoa | sun pundhut gawemu [ga...]

--- 1 : 19 ---

[...wemu] sami ||

8. ingsun karyakna kunjara | wêsi ingkang luwih prayoganèki | jêro pasareanipun | iya ingkang prayoga | asandika tumandang sagung pra êmpu | sadina pan sampun dadya | lajêng umatur ing gusti ||

9. punika pan sampun dadya | kang kunjara santosa tur prayogi | ya ta wau adhêdhawuh | Ki Banyakwidhe Arya | kinèn ngrêngga pêpajangan ingkang patut | aja nganti kakurangan | sêksana tumandang sami ||

10. sagunging êmpu sêdaya | gya tumandang amajang kunjarèki | linangse kumêndhung-kêndhung | pinajang rinarêngga | sarwa sutra lêlangse myang kasuripun | rinêngga ing kêmbang-kêmbang | dinulu kêlangkung asri ||

11. kaca-kaca gambar-gambar | kinutugan rinatus wangi-wangi | lir kasuwargan satuhu | Sang Banyakwidhe nulya | malbèng pura umarêk dhatêng sang prabu | prapta ngarsa matur nêmbah | pukulun sri narapati ||

12. kawula unjuk uninga | lamun kula gih dados adipati | ulun nguni darbe kaul | ngaturi sri narendra | anayuba inggih wontên wisma ulun | sang nata sarêng miyarsa | ya arya ingsun jurungi ||

13. wis age sira muliha | mêngko ing sapungkurmu ngong nututi | sun nusul marang wismamu | Sang Banyakwidhe nêmbah | sigra lèngsèr saking ngarsane sang prabu | prapta wisma tan antara | wau kangjêng sri bupati ||

14. rawuh wismane ki arya | lajêng dènnya kasukan sri bupati | asuka-suka anutug | wus wuru-wuru dawa | sri narendra tumingal [tu...]

--- 1 : 20 ---

[...mingal] ing gêdhong wau | wêsi asri rinarêngga | pinajang-pajang rêspati ||

15. lawangira bisa mênga | bisa minêb pribadi tanpa jalmi | ingkang nutup lawang iku | anglir dewa kang karya | saking dene endahing wangunanipun | sang nata sarêng tumingal | alon angandika aris ||

16. hèh arya sapa kang karya | gêdhong wêsi sun durung aningali | ing êndahe warnanipun | dyan arya atur sêmbah | dhuh pukulun inggih patilêman ulun | sri narendra rêsêp ing tyas | wusana ngandika aris ||

17. hèh apa paedahira | lamun gêdhong iku kinarya guling | Banyakwidhe nêmbah matur | gusti lamun sarira | lêsu lupa sayêkti punika mantun | dados sêgêr sanalika | yèn sarira kraos atis ||

18. saèstunya lajêng gêrah | lamun gêrah saèstu dados atis | mênawi sakit pukulun | saras sêkala têmah | lamun luwe punika atêmah tuwuk | sang nata arum ngandika | yèn mangkono turirèki ||

19. pan iku luwih utama | paturonmu gêdhong wêsi puniki | yèn mangkono ingsun ayun | iya anglêbonana | ingsun mundhut iya arya ing lilamu | sun sare paturonira | apan ta sarira mami ||

20. sadina lêsu marlupa | praptèng iki pan iya durung mari | supaya mari wak ingsun | Banyakwidhe tur nêmbah | dhuh pukulun punapa karsa sang prabu | ulun tan rumaos gadhah | lumêbêt sri narapati ||

21. ya ta nuli inginêban [ing...]

--- 1 : 21 ---

[...inêban] | ponang pintu wau lajêng kinunci | sêksana lajêng ingusung | mring ing kali Kêrawang | sri narendra asru pangandikanipun | arya apa dosaningwang | ngong linabuh marang kali ||

22. Banyakwidhe saurira | lah sandhangên duk ingsun maksih bayi | apan iya sira labuh | anèng kali Kêrawang | sayêktine samêngko sira sun labuh | iya malês ukum ingwang | utang pati nyaur pati ||

23. wus linabuh kang kunjara | cinêmplungkên anèng sajroning kali | ya ta wontên lurahipun | wadya kang upacara | dyan lumayu umatur Radèn Sêsuruh | gusti mangke rama dika | linabuh kali ngêmasi ||

24. wontên ing kali Kêrawang | dening Arya Banyakwidhe ing nguni | duk myarsa Dyan Suruh bêndu | sigra nêmbang têngara | wus samêkta sagunge punggawanipun | gêgaman wus amêlatar | tinon lir wukir kabêsmi ||

25. samêkta kêpraboning prang | Dyan Sêsuruh arsa ngawaki jurit | budhal gêgaman anggêrgut | sagung wong kêradenan | sumrêg ingkang gêgaman bêndhe angungkung | Rahadèn Suruh sêksana | sigra anitih turanggi ||

26. wadya gung sami prayitna | Arya Banyakwidhe nindhihi wuri | sakathahe wadyanipun | wus sami aprayitna | pêpak baris tandange bala anggêrgut | samêkta busanèng yuda | prajurit wus amiranti ||

27. wus katur dhatêng ki arya | lamun Radèn Sêsuruh andhatêngi | saha bala soroh amuk | ki arya gya siyaga | dyan kang wadya anulya magut ing pupuh |

--- 1 : 22 ---

campuh cucuking ayuda | langkung rame kang ajurit ||

28. mabyungan têmpuh ing yuda | pra prajurit kêpanggih sami wani | jêthote watang kang putung | binuwang ting karopyak | wus akathah pêpati susun atimbun | sambate uwong kêbranan | sami nangis ting karêmpis ||

29. wadyabala kêradenan | pan kasoran kathah longe kang mati | prajurite mawut-mawut | Radèn Sêsuruh sigra | angawaki ing ayuda soroh amuk | lir pendah dirada mêta | singa tinêrajang ngisis ||

30. Radèn Suruh watangira | lir kitiran nèng rana mobat-mabit | singa tinêrajang mawut | wadyanya sampun bubar | sira Radèn Sêsuruh kudane lampus | adharat pangamukira | tan ana wani nadhahi ||

31. wus katur dhatêng ki arya | raka tuwan punika angawaki | inggih Rahadèn Sêsuruh | kêlangkung aprakoswa | wadya tuwan giris kathah ingkang lampus | Arya Banyakwidhe sigra | umadêg anèng sitinggil ||

32. sarwi angagêm sênjata | Radèn Suruh pangamuke angukih | sampun prapta ngalun-alun | dupi katon sinipat | marang Arya Banyakwidhe pan katuju | paningsête kawatgata | tugêl ikêt pinggangnèki ||

33. rampung katut mimis timah | sangêt merang tyasira radèn miris | Radèn Sêsuruh wus kundur | lan wadya ingkang gêsang | kapêlayu sira Rahadèn Sêsuruh | ngetan bênêr lampahira | kandhêg desa Kaligunting ||

34. dyan kawarna Radèn [Ra...]

--- 1 : 23 ---

[...dèn] Arya | Banyakwidhe pan sampun madêg aji | nèng Pêjajaran kêdhatun | kèdhêp saprintahira | sri narendra suwarèng wadya sêdarum | sagunge wong Pêjajaran | wong desa tuwin wong wukir ||

35. sapa wani kang kampiran | mring Si Suruh ja takon dosa maning | sayêktine ingsun ukum | ngong jarah darbèkira | ingsun tumpês lan saanak putunipun | misuwur undhang narendra | ya ta rôndha Kaligunting ||

36. myarsa undhanging narendra | langkung ajrih prihatin jroning ati | saksana marani gupuh | mring sadulure lanang | pêrnah anèm sêdaya prasami jalu | Ki Wirun ingkang atuwa | arine aran Ki Nambi ||

37. pamêkas aran Ki Bandar | rôndha ngucap priye rêmbugmu adhi | dene undhange sang prabu | sapa ingkang kanggonan | mring Dyan Suruh tinumpês nak putunipun | iya marang sri narendra | sun mring Suruh luwih asih ||

38. lir suta gon ingsun yoga | yèn palastra pêsthi sun mèlu mati | mring gustimu Radèn Suruh | arine samya mojar | lamun maksih sadulur dika têtêlu | sampun watir sampun maras | sayêkti kula tanggoni ||

39. dukane sri naranata | ya ta rine têlu tumut prasami | dhumatêng ing wismanipun | ni rôndha sampun prapta | lawan Radèn Sêsuruh sampun katêmu | lajêng sami tata lênggah | angling Ki Wirun Ki Nambi ||

40. lah ta gusti sampun maras | tyas paduka dene undhang nêrpati |

--- 1 : 24 ---

yèn dhatêng ing têmah besuk | kula kang tumangguha | ananggoni dêdukane sang aprabu | nadyan dhumatêng ing pêjah | kawula botên gumingsir ||

41. Rahadèn Sêsuruh mojar | ngong tarima sihira marang mami | nanging ta pangrasaningsun | sira otota kawat | bêbalunga wêsi wong têtêlu iku | môngsa ta sira kuwata | mungsuh lan wong sanêgari ||

42. lah iki ngong pamit paman | wis karia ingsun lunga pribadi | Ki Wirun Nambi umatur | inggih gusti kawula | pêjah gêsang saparan sampeyan tumut | sapurug tan yun kantuna | kula gusti atut wuri ||

43. ni rôndha mijil waspanya | ya ta angling kula gih atut wuri | wus dandan sabrayatipun | ya ta anuli babar | awêtara wong satus kang atut pungkur | ngetan bênêr lampahira | nyai rôndha datan kari ||

44. Ki Wirun Nambi turira | dhuh ta radèn inggih lamun suwawi | dawêg sami minggah gunung | inggih ing ardi Kombang | pan ing ngriku wontên pandhita linuhung | abêntur sutapanira | saujare langkung sidik ||

45. Radèn Sêsuruh miyarsa | lajêng nabda lah iya payo aglis | amunggah marang ing gunung | ya ta lajêng lumampah | sarêng prapta wau nèng sukuning gunung | pinêthuk ampuhan nulya | pêtêng dhêdhêt awor angin ||

46. kayu gung kathah kang sêmpal | wênèh rungkad saking sruning kang angin | wau Rahadèn Sêsuruh | tan kandhêg lampahira | kunêng ingkang lumampah minggah ing gunung | kocapa [koca...]

--- 1 : 25 ---

[...pa] wau sang tapa | apan ta sampun udani ||

47. lênggah anèng dhepokira | kang ampuhan sampun sumilak rêsik | pêngajaran wus kadulu | Radèn Sêsuruh minggah | sarêng prapta anèng ngarsane sang wiku | pan lajêng angraup pada | waspanira andrês mijil ||

4. Mijil

1. sang pandhita angandika aris | lungguha sutèngong | paran sêdya sira praptèng kene | ya ta matur rahadèn wotsari | môngsa borong mangkin | inggih sang awiku ||

2. sadèrènge kawula tur uning | saosiking batos | kawuningan inggih sêdayane | ing rèh mobah mênêng lawan mosik | karêntêging ati | kuningan sêdarum ||

3. bênêr kaki aturira iki | apa pedah ingong | ya si kaki atapa nèng kene | mangan bêrbêkane kayu aking | yèn tan wruha kaki | durunge tinutur ||

4. angur aja pitêkur nèng ardi | mucak amiranggon | marma sira prapta anèng kene | munggah marang pêngajaran iki | sira iku kaki | dhapur prang kaburu ||

5. iya mungsuh kadangmu pribadi | marma sira mangko | maring wukir arsa mèlu radèn | adhêdhukuh nuntumakên gêni | apa iya ugi | mangkono karsamu ||

6. Radèn Suruh umatur wotsari | pan inggih sayêktos | salêlugut tan wontên sisipe | sêdayane kawuningan sami | sasêdyamba nênggih | pan sampun kawêngku ||

7. kyai ajar mèsêm dènnya angling | lah ta putraningong |

--- 1 : 26 ---

wus sun trima sêdyanira anggèr | rèhning arsa mèlu mangun tèki | sira ingsun pênging | karsanira iku ||

8. aja sira kaki mèlu nêpi | marang raganingong | mapan sira tan winênang radèn | yèn mèlua atapa nèng wukir | dadi cupêt kaki | ya turuning ratu ||

9. panjênêngan ratu tanah Jawi | satêmahan pêdhot | Radèn Suruh alon ing ature | inggih jasad kawula samangkin | saèstu nglampahi | ing karsa sang wiku ||

10. kyai ajar sêmana lon angling | iya putraningong | lah idhêpên tuduh ingsun anggèr | sira ngetan bênêr tumuliKurang satu suku kata: sira ngetana bênêr tumuli | lakunira iki | besuk yèn anêmu ||

11. wite maja uwohe sawiji | apait kang raos | sira nuli amandhêga age | banjur sira dhêdhukuha kaki | aywa ta gumingsir | têtêpa nèng ngriku ||

12. wruhanira iku kaki benjing | pan dadi kêdhaton | pan ing têmbe dadi praja gêdhe | kayu kêpuh ingkang gêdhe benjing | pêrnahira kaki | dadi alun-alun ||

13. wus pinêsthi sira iku benjing | ing dewa kang kaot | dadi damar ing praja yêktine | iya jênêngira madêg aji | wruhanira kaki | saturun-turunmu ||

14. iya dadi ratu tanah Jawi | nora nganggo towong | pan amêngku nungswa Jawa kabèh | lah ta kaki wis aja prihatin | iya sira benjing | amalêsa ukum ||

15. marang Ratu Pêjajaran iki | nanging ta samêngko | nora kêna malês sira [si...]

--- 1 : 27 ---

[...ra] anggèr | durung môngsa ing wêktu saiki | lan maninge kaki | yèn sira tan wêruh ||

16. iya marang jênêng ingsun iki | sayêktine ingong | dudu ajar ingkang satêmêne | apan putri Pêjajaran mami | ari ngong tumuli | eyangira iku ||

17. apêputra ramanira kaki | kang lena linaboh | pramulane sun lunga purwane | saking nagriningsun pan ing nguni | kacarita mami | putri luwih ayu ||

18. salumahe ing satanah Jawi | tan ana kadyèngong | amung ingsun ingkang ayu dhewe | sakabèhe sagunge para ji | anglamar ing mami | nanging sun tan ayun ||

19. iya ingsun datan arsa krami | gya dinukan ingong | kangjêng rama asangêt dukane | nuli ingsun rasa-rasa ngati | akarya grah galih | marang rama ibu ||

20. ingsun nuli alunga ing wêngi | atinggal kêdhaton | mêtu ngurung-urunging banyune | mêtu jaba mring alas sun nuli | nurut iring wukir | lakuningsun darung ||

21. gunung Kumbang nuli sun unggahi | praptèng pucuk ingong | ya ta ana kayu cêmarane | siji iku sun goni atèki | maka iku maksih | rupane kang kayu ||

22. gya ki ajar nulya salin warni | warnanira wadon | sakêlangkung kang wônda ayune | kasor kabèh widadari swargi | mêncorong lir sasi | ping patbêlas nuju ||

23. gêbyaring sarira anêlahi | umancur tinonton | kagyat Radèn Sêsuruh duk anon | duk umiyat citrane sang putri |

--- 1 : 28 ---

jêngêr tan kêna ngling | supe susahipun ||

24. marma mangkana dene salaminingLebih satu suku kata: marma mangkana dene slamining | dèrèng nate anon | warna kadi sang putri ayune | sanalika aliwung ing galih | sirna kang prihatin | sura mring sang ayu ||

25. marêpêki Radèn Suruh nuli | kang asta anggayoh | sang rêtna yu anginggati age | sarwi angling lah arsa punapi | mundur tilar krami | lir wong wuru gadhung ||

26. hèh elinga radèn sira mangkin | têka lali gatos | amung sira kerut warna bae | wong punapa kaya awak mami | sun tanya sirèki | apa ta satuhu ||

27. iya sira ngarêpakên mami | radyan wuwuh wirong | saya ngudi sêmana karsane | sang rêtna yu mèsêm ing jro galih | radèn marêpêki | pan arsa anubruk ||

28. sang dyah musna wus datan kaèksi | sêmana sang anom | ing nalika sang rêtna icale | nibèng kisma asangêt tan eling | wus adangu nglilir | pêpungun angadhuh ||

29. dhêlêg-dhêlêg jêngêr tanpa angling | katingal sang sinom | kadya ana sumandhing ciptane | ingkang karya abrôngta wiyadi | saking sruning brangti | lingnya tanpa dunung ||

30. marang ngêndi paranira gusti | musthikaning sinom | ginawaa mirah gêgêbale | anjalmaa kaping sapta gusti | kawula dêdasih | dhatêng kusuma yu ||

31. tega têmên atilar ing dasih | kang sangêt anglamong | marang ngêndi paranira anggèr | bok iyaa tolih ing dasihKurang satu suku kata: pan bok iya atolih ing dasih | ingkang sangêt agring | ulun amit lampus [lampu...]

--- 1 : 29 ---

[...s] ||

32. kyai ajar gunung Kumbang nuli | ya ta prapta gupoh | apan sampun warni ajar manèh | wus busana lir wiku sayêkti | anyêkêli kudhi | sêpuh kêmpong pikun ||

33. Jaka Suruh wau aningali | mring ajar wêspaos | wus alinggih ki ajar praptane | radèn putra emut ingkang galih | sigra anungkêmi | mring pada sang wiku ||

34. sarwi matur waspanya drês mijil | maring sang pilunggoh | sarwi matur ngaturkên sêtyane | ulun nuwun apuntên ing sisip | ngandika sang yogi | wis aja winuwus ||

35. wus jamake uwong kakung gusti | karêm wanodya nom | ingkang luwih endah ing warnane | apan uwis bubuhaning dasih | mung pitutur mami | marang sira iku ||

36. lakonana kaki dèn sayêkti | ing pituduh ingong | pan tinêkan kajatkirakajatira têmbe | samubarang karsanira kaki | mapan ingsun iki | manungsa satuhu ||

37. saking bangêt amêrtapa mami | marma luwih ingong | ingkang apês jalma iku radèn | yêkti nora wêruh marang mami | lan winênang mami | bisa rupa jalu ||

38. lawan wênang sun rupa pawèstri | bisa tuwa anom | luput lara kêlawan patine | besuk ingsun tumêka ing pati | prapta jaman akir | kiyamat ngong lampus ||

39. besuk sira patêmon lan mami | wus karsèng Hyang Manon | nanging nora nèng kene ênggone | gon sun têmu lawan sira benjing | kalamun sirèki | wus umadêg ratu ||

40. nèng Tasikwêdhi [Ta...]

--- 1 : 30 ---

[...sikwêdhi] ngong madêg aji | sira madêg katong | nèng Mêtaram tanah Jawa angrèh | ingsun angrèh sagunging dhêdhêmit | sira iku benjing | angrèh jalma iku ||

41. ing sanungsa Jawa sadayèki | ingsun angêdhaton | Pêmancingan kêraton ngong têmbe | angrèh sagung ratuning dhêdhêmit | ing sanungsa Jawi | kabèh karèh mring sun ||

42. nanging ingsun angawula benjing | mring turunmu katong | jêr turunmu madêg ratu têmbe | anèng Jawa linuwih samya ji | kêratone luwih | ngèstupada ingsun ||

43. wruhanira kaki iku benjing | singa madêg katong | ingkang mêngku tanah Jawa kabèh | apan iya dadi laki mami | dipun èngêt kaki | lawan manèhipun ||

44. lamun sira amanggiha kardi | undangên wak ingong | iya ingsun nuli prapta anggèr | lamun ana surak tawang benjing | ingsun ingkang prapti | kaki lakuningsun ||

45. apa barang karsanira benjing | nora kari ingong | jêr kaprintah marang sira têmbe | pa karyamu para jin tan kari | pangrèhira dadi | lumadi karyamu ||

46. lah ta uwis mangkata tumuli | ngetana ywa menggok | lakunira aja nolah-nolèh | anjujuga sira lurah radin | arane nêgari | pan ing Singasantun ||

47. nanging poma wêkas ingsun kaki | mring sira sayêktos | têguhêna jro atimu anggèr | sampun têlas sagunging wêwêling | amit sang apêkik | mundur saking gunung ||

5. Durma

1. Radèn Suruh sigra têdhak saking arga [ar...]

--- 1 : 31 ---

[...ga] | lampahnya tan anolih | lan sarowangira | tiyang satus kèhira | anêrajang wana giri | wêwêlingira | ki ajar kang kaèsthi ||

2. rêreyongan samarga raja pinutra | datan kawarnèng margi | rahadèn ararywan | anèng ngandhaping maja | uwohe namung sawiji | radèn ngandika | jupukên woh puniki ||

3. wus ingambil katur sêksana dhinahar | raosipun apait | rahadèn ngandika | sanak ingsun sêdaya | ingsun dhêdhukuh nèng ngriki | padha babada | karyaa pondhok sami ||

4. sun arani ing Majapait kang desa | ya ta wong satus sami | tumut adhêdhêkah | sami akarya wisma | anèng wana Majapait | sira rahadyan | mêluku têgil sabin ||

5. sabên dina babad wana karya sawah | kathah tiyang kang prapti | lajêng tumut wisma | apan sami kêrasan | awisma ing Majapait | sangsaya lama | saya kèh jalma prapti ||

6. ngadêgakên pasar gêng kadi nêgara | pandhe kalawan gêndhing | sayang myang kêmasan | pra sudagar kèh prapta | kêrasan nèng Majapait | lajêng awisma | murah sandhang lan bukti ||

7. arjanira wus sami lawan nêgara | ingaran Majapait | apan wus kaloka | kalok kajana priya | nêgari ing Majapait | jêmbar arata | sagung tinanêm dadi ||

8. anêngêna ingkang lagya atêtruka | gênti ingkang winarni | sira Arya Bangah | nêgaranira rusak | ing Si Galuh dèn lurugi | dene Sang Nata | Siyungwênara [Siyung...]

--- 1 : 32 ---

[...wênara] nênggih ||

9. ngirid bala saking nagri Pêjajaran | tan winarna prangnèki | Si Galuh wus bêdhah | dene Nata Jajaran | wong cilik dipun boyongi | sampun jinarah | sagung isining puri ||

10. Arya Bangah apan lumayu mangetan | langkung kawêlasasih | wau lampahira | datan kawarnèng marga | anjujug ing Majapait | datan winarna | ing marga sampun prapti ||

11. Majapait wau ta Ki Arya Bangah | panggih lawan kang rayi | Jaka Suruh sira | sami arêrangkulan | adhuh kakang kadang mami | margi punapa | dene kesah pribadi ||

12. Arya Bangah umatur anênggak waspa | yayi nêgara mami | ing Sigaluh bêdhah | dening Siyungwênara | sêdaya dipun jarahi | dene manira | kêcandhak angêmasi ||

13. ing wartane Sang Aprabu Pêjajaran | kêtiga ngarêp niki | apan yayi sira | kang arsa linurugan | anggêcak ing Majapait | kêlamun rêmbag | lah ta yayi suwawi ||

14. Pêjajaran yayi nêdha linurugan | rinêbut ing ajurit | Rahadèn Sêsêdhah | langkung wlas mring kang raka | lah inggih kakang suwawi | mring Pêjajaran | sami pêpulih gêtih ||

15. paman Nambi paman Wirun paman Bandar | têtiyang Majapait | saanane paman | pêkênira pêpêka | payo anglurug tumuli | mring Pêjajaran | pan wus mangsane iki ||

16. tan winarna rahadèn sampun lumampah | saha wadya prajurit | maring Pêjajaran | marga datan winarna | Pêjajaran sampun prapti | campuh [ca...]

--- 1 : 33 ---

[...mpuh] kang yuda | langkung ramening jurit ||

17. kadya singa sardula karti sampeka | lir buta môngsa daging | wadya Majalêngka | mirut wong Pêjajaran | tan wontên kang môngga pulih | larut kewala | wus kabêdhah kabêsmi ||

18. binoyongan sagunging wong Pêjajaran | maring ing Majapait | cacah wong somahan | tigang èwu pan ana | mangkya wus ana sakêthi | lan pitung lêksa | cacah wong Majapait ||

19. Kyai Wirun Nambi Bandar aturira | punika yèn marêngi | paduka rahadyan | jumênênga narendra | wontên kitha Majapait | anggêntosana | rama paduka nguni ||

20. duk rumiyin kang aprintah Pêjajaran | angrèh ing nungsa Jawi | mangkya Pêjajaran | gusti pan sampun sirna | yêkti kitha Majapait | kang gêntosana | aprintah nungswa Jawi ||

21. Radèn Suruh angling lah ta karsanira | ingsun têka umiring | wus jumênêng nata | Radèn Suruh punika | akêkutha Majapait | suyud sêdaya | sagung wong Majapait ||

22. ajêjuluk Sang Aprabu Brawijaya | Sang Arya Bangah nênggih | wus jinunjung lênggah | nama Arya Panular | Ki Wirun ran Wahan Patih | Nambi lan Bandar | sampun jinunjung sami ||

23. lênggah mantri lami-lami sri narendra | pan sampun asêsiwi | Prabu Anom sira | wisma salèring pasar | ki patih sampun sêsiwi | pêparabira | putrane kyana patih ||

24. Adipati Udara langkung prayoga | tinanêm ing Kêdhiri | ya ta lama-lama | Brawijaya

--- 1 : 34 ---

pralina | Prabu Anom madêg aji | gumantya rama | Brawijaya wêwangi ||

25. Patih Wahan apan ta maksih agêsang | têtêp dados pêpatih | amomong sang nata | kawarnaa sêmana | sang nata arsa cêngkrami | marang ing wana | anggêrit banthèng jawi ||

26. Patih Wahan umatur dhatêng sang nata | patikbra yèn marêngi | sampun acangkrama | dhumatêng wanawasa | tyas ulun sangêt kuwatir | margi samangkya | têtiyang Majapait ||

27. inggih dèrèng suyud ing sêdayanira | miwah môncanêgari | dhumatêng paduka | tyas amba tan sakeca | sagung tiyang Majapait | lamun wus samya | suyud sêdaya radin ||

28. pan punika paduka cangkramèng wana | eca raosing galih | Brawijaya myarsa | kêlangkung dukanira | dhumatêng rêkyana patih | mawinga-winga | pasuryanira andik ||

29. pan kumêdut pêpadoning lathinira | talingan lir sinêbit | kadya anuwêka | ing jalma tanpa dosa | gya kundur sri narapati | manjing jro pura | warnanên ingkang nangkil ||

30. apan ana wong kadipatèn kang lama | nênggih ingkang wêwangi | Ki Ujungsabata | lêlurah kajinêman | winênang saba jro puri | sri nata duka | sigra manjing jro puri ||

31. tanpa larapan tundhuk aris aturnya | pukulun sri bupati | wau Patih Wahan | aturnya mring paduka | sangêt datanpa dêdugi | atilar krama | tan ngraos lamun patih ||

32. inggih

--- 1 : 35 ---

têdah makèwêdi panjênêngan | paduka sri bupati | tiyang Majalêngka | tan wontên mêkatêna | anggêpipun mring sang aji | suyud sêdaya | jrih lair têkèng batin ||

33. duk rumiyin cuwa ngabdi ing ramanta | sagung tyas Majapait | mangke sri narendra | gumantya rama nata | suka tiyang Majapait | para punggawa | miwah para dipati ||

34. sami suka tuwin wadya lit sêdaya | tan wontên kang prihatin | jumênêng paduka | mirah sandhang myang boga | tan wontên cêngil-cinêngil | tiyang kang dagang | akathah ingkang prapti ||

35. sami muji angalêm sagung manungsa | kang karèh Maospait | tan wontên sumêlang | miwah tyang sanès praja | sêdaya prasami muji | pun Patih Wahan | rumiyin darbe janji ||

36. inggih kalih rama paduka sang nata | sarêng sapati urip | rama tuwan seda | pun patih botên bela | dados tiyang cidra janji | pun Arya Wahan | dosane kaping kalih ||

37. kang rumiyin abôngga dhatêng narendra | ping kalih cidra janji | yèn suwawi karsa | pun patih kabelakna | dhatêng rama sri bupati | angsala swarga | patinipun pun patih ||

38. inggih margi paduka kang mêjahana | asuka sri bupati | dènnya amiyarsa | ature Jung Sabata | dhumatêng sri narapati | dyan pinaringan | dhuwung dhatêng sang aji ||

39. wastanira dhuwung Kyai Jangkungpacar | iki wrangkakna aglis | marang kêpatihan | iya Ujung Sabata | atur sêmbah [sê...]

--- 1 : 36 ---

[...mbah] nulya amit | mêdal ing jaba | wus surup sang hyang rawi ||

40. Jung Sabata wus tumamèng kapatihan | wêtara têngah wêngi | Kyana Patih Wahan | apan dèrèng anendra | akalihan ingkang rayi | Ki Arya Wahan | angling marang kang rayi ||

41. dèn prayitna sira yayi ariningwang | ing mêngko ana maling | wus karsaning dewa | yayi pan umur ingwang | mung kari sawêngi mangkin | pinundhut dewa | si raja brôngta kingkin ||

6. Asmaradana

1. lamun ingsun nora mati | ing sawêngi iki iya | pêsthi dawa umur ingong | ujar Prabu Brawijaya | dhahar atur kang salah | Ujung Sabata kang atur | apan ika wong durjana ||

2. kudu ginugu sang aji | lah iya môngsa bodhoa | ing karsanira sang katong | nanging mêngko yayi ingwang | prayoga umpêtêna | ana ing langitan iku | sagung uwong kêpatihan ||

3. padha akêmita sami | ing sawêngi mêngko padha | ya padha mêlèka kabèh | mêngko ana maling guna | ki patih sigra nendra | ing langitan pêrnahipun | anèng saluhuring kajang ||

4. Ujung Sabata angrampid | anjêjêp jawining lawang | miyarsa gumrah swarane | kang kêmit anèng paseban | dèrèng wontên anendra | ana maca ana ngidung | ana ingkang acarita ||

5. Ujung Sabata prihatin | kêlangkung kewran ing manah | ya ta amatêk ajine | sêsirêp si beganônda | ping tiga jêjêg lêmah | sarwi jungkir sirahipun | anyaut lêmah [lê...]

--- 1 : 37 ---

[...mah] ping tiga ||

6. dènira anyaut siti | sêksana kinarya balang | marang kang kêmit sakèhe | ingkang kêmit sami nendra | rêbah pating sulayah | dènnya turu lir wong lampus | sigra pun Ujung Sabata ||

7. malêbêt ing dalêm aglis | anjujug ing pasarean | ki patih datan kêpanggoh | ya ta Ki Ujung Sabata | kewran sajroning nala | angangên-angên ing kalbu | yèn ki patih rêmên kuda ||

8. Ujung Sabata nulya glis | sêksana marang gêdhogan | nguculakên kuda age | kuda giro anèng latar | bêrngingih swaranira | kagyat ki patih angrungu | sigra nguwuh gamêlira ||

9. wong kêmit tangia aglis | kuda ucul sing gêdhogan | iku lêbokêna manèh | Ujung Sabata uninga | yèn ki patih umpêtan | luhuring kajang gènipun | nulya wau pinêrpêkan ||

10. kajange winiyak ririh | sêksana Ki Jangkungpacar | anulya tinarik age | dhatêng Ki Ujung Sabata | iku pan gêgadhuhan | yêkti tan ana wong têguh | ya ta ki rêkyana patya ||

11. ki patih ginoco nuli | salaminira agêsang | tan pasah tilasing pandhe | samangke prandene pasah | nora nganti sêsambat | ki patih pan sampun lampus | ya ta Ki Ujung Sabata ||

12. mundur lajêng malbèng puri | umarêk sri naranata | katur sêdaya solahe | langkung tyas marwata suta | enjinge kawarnaa | ya ta dhawuh sang aprabu | tilarane kyana [kya...]

--- 1 : 38 ---

[...na] patya ||

13. binoyong malêbèng puri | kinèn wisma ing jro pura | wus misuwur pawartose | lamun ki patih palastra | cinidra duratmaka | kyana patih putranipun | Ki Adipati Udara ||

14. sampun amiyarsa warti | sedanira ingkang rama | awit karsane sang katong | ki patih margane lena | dadya tyasira nêmah | wani balela ing ratu | amèt silib ing pratingkah ||

15. mangkana winarna malih | Sang Aprabu Brawijaya | anutugakên karsane | acangkrama marang wana | miwah sagung punggawa | anggêrit buron wana gung | sang nata kêlangkung suka ||

16. wus adate wong cangkrami | ambêbêdhag buron wana | sami nêkakkên sukane | supe rumêksèng narendra | watak wong mangun suka | sang nata dènnya bêburu | pisah lawan wadyabala ||

17. sang nata kantun pribadi | amung lawan para garwa | eca kasukan sang katong | mangke ingkang kawarnaa | putranira ki patya | Dipati Kêdhiri wau | kang nama Radèn Udara ||

18. wibawa kêlangkung mukti | dhèrèk bêburu mring wana | sêdya anyillib karsane | lajêng anitih turôngga | sarwi amandhi tumbak | nandêr prapta gèn sang prabu | wau Dipati Udara ||

19. angêmbat lawung kumitir | Brawijaya linarihan | jaja anrus walikate | gègèr wadya panggrogolan | gumuruh mawurahan | wadya gung wus sami kumpul | angurmat layon narendra ||

20. kunêng [ku...]

--- 1 : 39 ---

[...nêng] layoning nêrpati | putranira sri narendra | Radèn Adaningkung mangke | ingadêgakên narendra | gumanti ingkang rama | mring wadya ing Majalangu | arja jênênging narendra ||

21. sang nata sampun sêsiwi | Hayam Wuruk namanira | gumanti marang ramane | wus pêputra miyos priya | Lêmbu Misani rannya | diwasa gumantya ratu | patihe Dêmung Pawular ||

22. lami-lami asêsiwi | gumanti umadêg nata | Radèn Bratanjung namane | wus alami apêputra | Radèn Alit kang nama | diwasa gumanti ratu | nama Prabu Brawijaya ||

23. Gajahmada kang pêpatih | mungkasi ing Majalêngka | pan jênêngira katongKurang satu suku kata: pan jênêngira sang katong | langkung arjaning nêgara | kèdhêp parentahira | angrèh para ratu-ratu | sumiwi mring Majalêngka ||

24. sêmana sang nata guling | ing dalu apan supêna | katingal jro supênane | ing malêm Anggara Mulya | sang nata palakrama | kalawan wanodya ayu | putrane Sang Natèng Cêmpa ||

25. sajagad datanpa tandhing | warnanira sang kusuma | sawungunira asare | enjing wau sri narendra | miyos siniwèng bala | têdhak lênggah sitiluhur | siniwi ing wadyabala ||

26. punggawa pêpak anangkil | tumênggung ngabèi dêmang | arya rôngga myang kaliwon | kyana patih munggèng ngarsa | sang nata angandika | mring Patih Gajahmadèku | hèh ta patih wruhanira ||

27. manira sare ing wêngi | katingal ingsun akrama | lan putri luwih ayune [a...]

--- 1 : 40 ---

[...yune] | putrane Sang Natèng Cêmpa | hèh patih apa ana | praja rane Cêmpa iku | ki apatih atur sêmbah ||

28. kawula myarsa dewaji | nêgari Cêmpa punika | pamyarsa kawula mangke | pêrnahipun tanah sabrang | dene nêgari Jawa | ngandika malih sang prabu | maring Patih Gajahmada ||

29. yèn mangkono sira patih | maranga nêgara Cêmpa | sun utus sira wiyose | nglamara putri ing Cêmpa | iku patih dèn kêna | mêtua Grêsik sirèku | ki patih matur sandika ||

30. sang nata jêngkar tinangkil | malêbêt ing dhatulaya | ginarêbêg para sinom | sêlir kêlawan bêdhaya | para mantri wus bubar | sêdaya sampun umantuk | kawarnaa kyana patya ||

31. sampun umangkat sira glis | praptèng Garêsik lampahnya | wus anumpak palwa age | alayar dalu lan siyang | tan kawarna ing marga | praptèng Cêmpa lampahipun | wus marêk Sang Natèng Cêmpa ||

32. sang nata lagya tinangkil | pêpak sagunging punggawa | kêsaru wau praptane | Kyana Patih Gajahmada | lajêng tumamèng ngarsa | angandika sang aprabu | lah sira sapa kang prapta ||

33. Gajahmada Kyana Patih | matur sarwi awotsêmbah | pukulun gusti sang katong | gusti kawula dinuta | Sang Prabu Brawijaya | narendra ing Majalangu | kang mêngku rat tanah Jawa ||

34. ulun kang sudi mêstani | pun Apatih Gajahmada | ingkang dados wêrangkane | wondene lampah kawula | dinuta [di...]

--- 1 : 41 ---

[...nuta] nyaosêna | nuwala kunjuk sang prabu | cinaosakên kang sêrat ||

35. sigra tinampan kang tulis | binuka sinuksmèng driya | sampun kaèsthi rasane | têmbunge ponang nuwala | anglamar ingkang putra | wusira pêmaosipun | sang nata alon ngandika ||

36. hèh ta Patih Majapait | alèrèha pamondhokan | sampun pinêrnah kuwone | sang nata kundur ngêdhatyan | winarna sri narendra | pan têtiga putranipun | pêmbajêngira wanodya ||

37. panggulunira pawèstri | priya pan wuragilira | pêmbajêng endah warnane | sang nata praptaning pura | pinêthuk ingkang garwa | lênggah jinarwanan sampun | yèn ingkang putra linamar ||

38. kang putra dipun dhawuhi | kusuma yu kang pangarsa | sangêt ajrih ing ramane | umatur sumôngga karsa | lajêng kinèn samêkta | sang rêtna samêkta sampun | kang ibu angêmu waspa ||

39. gumêrah tangis jro puri | wus samêkta sêdayanya | gêgawanira sang katong | dhumatêng ing putranira | êgong sêkar dalima | rata gêrbong bale lumur | tuwin titihan pranggitan ||

40. awasta ki jêbadbèdri | ki bêlawong warni panjang | kang ginawakkên putrane | pawongan lan rajabrana | busana wastra rêtna | sang nata sigra adhawuh | nimbali rêkyana patya ||

41. prapta ngajêngan nêrpati | ki apatih ingandikan | lah uwis gawanên age | iku patih anak ingwang | lan [la...]

--- 1 : 42 ---

[...n] iki layang ingwang | aturêna sang aprabu | sutèngong ing Majalêngka

42. Gajahmada awotsari | sêksana sigra umangkat | sang putri binêkta age | sang prabu ngatêrkên putra | datan kawarnèng marga | ing pasisir sampun rawuh | sigra anumpak baita ||

43. sang nata wangsul pasisir | ya ta Patih Gajahmada | ngriyinakên utusane | kinèn ngaturi uninga | dhatêng Sang Brawijaya | yèn sang putri anèng ênu | tan kawarna polahira ||

44. sang nata ing Maospait | parentah akarsa mapag | dhatêng sang putri praptane | mring Garêsik sri narendra | wus budhal sri narendra | sawadyabala gumuruh | ing Garêsik sampun prapta ||

45. Patih Gajahmada prapti | kyana patih sampun têlas | saking ing palwa udhune | sang kusuma wus binêkta | mring Patih Gajahmada | sampun panggih lan sang prabu | nuwala katur sang nata ||

46. winaos sinuksmèng galih | têmbunge sampun kadriya | sêdayane ing ungêle | suka tyasira narendra | sigra sang nata mapag | ing praptanira sang ayu | wus panggih têmpuh ing tingal ||

47. lir panjang putra upami | tumibèng sela gêgilang | sarêng kumêpyur kalihe | sang rêtna sigra anêmbah | ngaras pada narendra | sang rêtna nulya sinambut | dhumatêng sri naranata ||

48. sigra ingêmban tumuli | lajêng binêkta aminggah | dhatêng titihan garêbong | sang nata nitih kalihan | sêksana sigra budhal [bu...]

--- 1 : 43 ---

[...dhal] | kundur dhatêng Majalangu | kanthèn asta lan kang garwa ||

7. Kinanthi

1. tabuhan turut dêlanggung | nèng marga datan winarni | prapta nêgri Majalêngka | lajêng malêbêt jro puri | datan kawarna sêmana | lajêng sami alulut-sih ||

2. siyang dalu pulang lulut | datatita linging nguni | kocapa nêgari Cêmpa | kêtamuan sri bupati | ran Maklum Brahim Asmara | wus apanggih lan sang aji ||

3. lajêng sami tata lungguh | angling wau Maklum Brahim | dhumatêng Sang Natèng Cêmpa | lingira arum amanis | pramilane kula prapta | wus karsa Rabul Ngalamin ||

4. tuwan Islama sang prabu | yèn tuwan botên agami | sangêt bêndune Suksmana | mangkana sri narapati | ing Cêmpa anut kewala | sampun Islam sri bupati ||

5. lan sawadyabalanipun | têtêp nut agama suci | Maklum Brahim tinariman | atmajanira pawèstri | kang tinarimakkên mangkya | putra kang panênggak nênggih ||

6. sêmana sampun adhaup | kêlawan Sèh Maklum Brahim | wus alami winurcita | Sang Natèng Cêmpa ngêmasi | sasedanira sang nata | kagêntèn putra wuragil ||

7. jalu kang umadêg ratu | wontên ing Cêmpa nêgari | Sèh Maklum Brahim Asmara | dados ipene sang aji | Sèh Maklum Brahim Asmara | sampun pêputra kêkalih ||

8. sami miyos jalu bagus | nêngêna datan winarni | ing nungsa Jawi kocapa | nêgari ing Majapait [Majapa...]

--- 1 : 44 ---

[...it] | kêlangkung gêmah raharja | murah sandhang tuwin bukti ||

9. tulus kang sarwi tinandur | tan ana dursila juti | wadya lit tyasira eca | jênênge Brawijaya Ji | anèng nêgri Majalêngka | sigêgên datan winarni ||

10. wontên malih kang winuwus | kang anèng têngah wanadri | kacatur wontên rêksasa | lan sadulure rasêksi | apan iya roro sanak | kêkalih sami mêrtapi ||

11. sawiji dina anuju | rasêksa lawan rasêksi | nênggih sami jêjagongan | ya ta ngucap ni rasêksi | dhumatêng ing kakangira | ingsun kakang arsa laki ||

12. lan Sang Prabu Majalangu | Brawijaya kang wêwangi | kaya ngapa pêkênira | ki rasêksa lingira ris | dene sira tanpa ngrasa | arsa laki lan sang aji ||

13. bêcik yèn ayun sang prabu | rupamu kaya mêmêdi | rambutira jatha gimbal | siyungira amêringis | sacarak sisih dawanya | arsa laki lan sang aji ||

14. kang mêngku nungsa Jawèku | sinêmbah samaning aji | tanah Jawa tuwin sabrang | para ratu atur putri | padha ayu endah-endah | tur padha putraning aji ||

15. kabèh padha ayu-ayu | lamun padha ngombe warih | apan katon lêr-êlêran | saking kuninge gumrining | lah ta yayi kaya ngapa | yèn sira arsa pêpanggih ||

16. lan Sang Prabu Majalangu | pan sira rupa mêmêdi | sang rasêksi sigra ngucap | kakang ingsun apan bangkit | amalih awarna endah | sêksana amalih

--- 1 : 45 ---

warni ||

17. arupa wanodya ayu | ingkang kaya widadari | ki rasêksa suka-suka | umiyat warnaning ari | gumuyu acukakakan | wus kêrasa ati mami ||

18. sira yayi bisa mèlu | duwe waris tanah Jawi | yèn tumêka sutanira | sang rasêksi alon angling | muga kakang katêkana | kang adadi sêdya mami ||

19. lah mara yayi dèn gupuh | manjinga marang nêgari | bage yayi apanggiha | lan Sang Natèng Majapait | sira pêputra alanang | ingkang bagus tur apêkik ||

20. yayi ingsun asinau | momong kaponakan benjing | ngong têdha dewa kang mulya | muga benjing suta mami | muga yayi ngluwihana | sagunge para prajurit ||

21. ing nungsa Jawa sêdarum | lan sakèhe tapa mami | kabèh ingkang kuna-kuna | sun wèhakên anak mami | iku ta panêdhaningwang | lah uwis mangkata yayi

22. ngaliha nama sirèku | Ni Endhang Sasmitawati | ni endhang sêksana mangkat | nêmbah lèngsèr saking ngarsi | marang nêgri Majalêngka | lampahira sampun prapti ||

23. kandhêg anèng pasar agung | kathah uwong aningali | duk lagi ramening pasar | nêgari ing Majapait | sagung wong kenyut kang warna | sêdaya ingkang ningali ||

24. lanang wadon anèm sêpuh | buruh bakul lan dêdungik | mondrèng miwah sambiwara | tilar dodolane sami | sakathahe kang tumingal | sami narka widadari ||

25. saking suwarga tumurun | cahyane

--- 1 : 46 ---

wong pasar sami | kucêm pucêt tanpa cahya | mung ni endhang andhèwèki | cahyane mancur lir wulan | kang lagya purnamasidi ||

26. sumunu cahyanya mancur | Ni Endhang Sasmitawati | saking sangêt panêdhanya | tinêkan sasêdyanèki | ing sakarsanira dadya | istijrade andhatêngi ||

27. lagya sineba sang prabu | pêpatih punggawa mantri | lajêng ngubêngi nêgara | miyos ing pasar sang aji | ginrêbêg sagung punggawa | bupati mantri prajurit ||

28. sang nata ningali wau | ni endhang rinubung jalmi | kyana patih atêtanya | têdhak saking ing turanggi | marêpêki sarwi ngucap | lah ta iki wong punapi ||

29. kandhêg ing kene rinubung | ing ngêndi wismanirèki | lawan sapa aranira | seje lan wong akèh iki | ni endhang alon turira | inggih ta ulun puniki ||

30. têtiyang saking ing gunung | wondening wastamba gusti | Ni Endhang Sasmitawatya | prapta ulun arsa ngabdi | dhatêng Prabu Brawijaya | kya patih matur sang aji ||

31. ing solah sêdaya katur | sang nata lajêng siniwi | lênggah anèng pagêlaran | kya patih kinèn nimbali | mring ni endhang praptanira | tan dangu praptèng ngarsa ji ||

32. sang nata sarêng andulu | kêsmaran sajroning galih | mulat warnane ni endhang | dhinawuhan nunggil linggih | kêlawan parêkan inya | praptèng pura minggah sêlir ||

33. kêlangkung sihe sang prabu | ni endhang nulya garbini | kêlawan sri naranata | anyidham kaworan nênggih | sangêt [sangê...]

--- 1 : 47 ---

[...t] dènnya amêminta | gêcok mêntah lawan gêtih ||

34. ambêbana mring sang prabu | amothah ing siyang ratri | tan bêtah sri naranata | pinintanan siyang ratri | ya ta lajêng pinaringan | sêmana wau binukti ||

35. nulya ngêrik endhang wau | jatha gimbal rikmanèki | sacarak sisih siyungnya | mulya rupane rasêksi | gègèr sajro dalêm pura | sangêt duka sri bupati ||

36. sang nata angêmbat lawung | endhang arsa dèn larihi | gya lumajar nyai endhang | mantuk ing kayangannèki | wus dumugi ing sêmaya | babar ingkang jabang bayi ||

37. miyos jalu putranipun | bagus cahyanira wêning | beda lawan ibunira | lajêng sinungan wêwangi | Ki Dilah pêparabira | dadah dulang dèn rumati ||

38. lami-lami wayahipun | ki jaka madhêp birai | ya ta apitakèn bapa | saure kang uwa nênggih | iya ingsun ramanira | tan narima sang apêkik ||

39. hèh ta sira iku dudu | ni rasêksi kewran galih | amicarèng jroning nala | dhuh Ki Dilah suta mami | lamun ora sun waraha | lamun lunga anak mami ||

40. sapa kang kelangan sunu | ni rasêksi angling aris | lah mênênga sutaningwang | mêngko sira sun tuturi | sêjatine ramanira | Brawijaya Majapait ||

41. ingkang yoga ing sirèku | nanging poma anak mami | aja sira awêwarta | bok sira dipun patèni | Ki Dilah alon turira | yèn mêkatên ibu mami ||

42. kula ngawula Sang Prabu |

--- 1 : 48 ---

Brawijaya Majapait | ingkang ibu angandika | adhuh gusti putra mami | anggèr aja angawula | iya marang sri bupati ||

43. mênamamênawa sira nak ingsun | anêmu wirang lan isin | Ki Dilah aturnya mêksa | sênadyan tan suka inggih | kula ibu èstu kesah | botên kenging yèn pinênging ||

44. dahat kapingin wak ingsun | angawula mring Sang Aji | Brawijaya Majalêngka | ingkang ibu duk miyarsi | dhumatêng aturing putra | sangêt dènnya dhandhanggêndhis ||

8. Dhandhanggula

1. kawarnaa Arya Dilah nuli | lèngsèr saking ngarsane bunira | ingampah tan bisa lèrèh | datan praduli tutur | Jaka Dilah mêksa lumaris | lêstari lampahira | tan kawarnèng ênu | prantèngpraptèng nagri Majalêngka | sagung miyat dhumatêng sang rajasiwi | sêdaya sami cingak ||

2. lampahira praptèng pôncaniti | lajêng marêk sor waringin kêmbar | nèng ngriku sila lênggahe | kyana patih winuwus | Gajahmada ing Majapait | kalanira yun seba | Ki Dilah kadulu | ngalosod sor ringin kêmbar | kyana patih sêksana anulya angling | rare ing ngêndi sira ||

3. Jaka Dilah matur mring ki patih | ulun rare datan wrin pinôngka | tan wikan kawijilane | tan uning bapa babu | ulun inggih ingkang nusoni | kidang tuwin mênjangan | mrak ngêmuli ulun | kadya lêlayangan pêgat | sagènipun dhumawah badan puniki | lumembak ing satitah ||

4. Kyana

--- 1 : 49 ---

Patih Gajahmada angling | bocah alas sapa aranira | lan paran dadi sêdyane | Jaka Dilah umatur | pan Ki Dilah wastamba gusti | karya ulun punika | praptèng Majalangu | sumêdya ngabdi sang nata | nadyan dipun kêrsakna dados pêngarit | ulun dhatêng sandika ||

5. Kyana Patih Gajahmada angling | lah Ki Dilah payo mring paseban | ingsun saosakên mangko | mring Nata Majalangu | kyana patih lumampah aris | Ki Dilah atut wuntat | praptèng ngarsa prabu | sang nata nuju sineba | pêpak andhèr sagunge punggawa nangkil | mantri tuwin satriya ||

6. Brawijaya sarêng aningali | hèh ta Patih Gajahmada apa | ya ing jaba pawartane | kyana patih umatur | ulun kamipurun atur wrin | wontên rare punika | asaling wana gung | tan uningèng yayah rena | namanipun Jaka Dilah nêdya ngabdi | dhatêng paduka nata ||

7. sri narendra angandika aris | hèh Ki Dilah lungguha ngarsèngwang | lan panakawan cilik wor | Ki Dilah pan dinulu | sasolahnya amambu galih | cahyanira Ki Dilah | lir wulan umancur | ri sêdhêngira purnama | laku linggih solah muna lawan muni | pracina trah kusuma ||

8. tan winarna laminira mangkin | sri narendra pan arsa cangkrama | anggêrit sangsam lan banthèng | babêrêg mring wana gung | Jaka Dilah umatur aris | marang Sri Brawijaya | pukulun sang prabu | arsa acangkramèng wana | kathah ingkang dados samaripun gusti [gu...]

--- 1 : 50 ---

[...sti] | wontên ing wanawasa ||

9. luhung cangkramèng lun-alun gusti | anggêrita sagung buron wana | sangsam Jawi miwah banthèng | ulun gusti kang sanggup | dhatêngakên buron wanadri | sagung isining wana | anèng alun-alun | Sang Brawijaya ngandika | rare cilik aturira marang mami | iya sun anti sira ||

10. lamun iku aturmu tan yêkti | pêsthi ingsun pisah murdanira | sun bêsèt carman ta mangko | ana ing alun-alun | tinontona wong Majapait | lah ta Dilah lungaa | dèn age praptamu | Ki Dilah nêmbah gya mentar | nulya kesah tumamèng marang wanadri | prapta ênggoning yayah ||

11. ni rasêksi kagyat aningali | ingkang suta prapta tinangisan | pinêngkul-pêngkul janggane | ni rasêksi amuwus | hèh Ki Dilah baya tan olih | suwita ing narendra | Natèng Majalangu | baya anêmu dêduka | ingkang putra Ki Dilah matur wotsari | kula dinutèng nata ||

12. anggiringa sato ing wanadri | ngalêmpaka ngalun-alun nata | ibu sang nata karsane | ni rasêksi amuwus | lah Ki Dilah muliha aglis | ingsun ingkang giringa | marang alun-alun | sagunge kang buron alas | andêlêna biyangira anèng wuri | anggiring buron alas ||

13. putranira Ki Dilah nulya mit | sigra lèngsèr wangsul mring nêgara | prapta ngalun-alun age | Sang Natèng Majalangu | ri sêdhênge siniwèng dasih | anèng ing pagêlaran | Ki Dilah andulu [a...]

--- 1 : 51 ---

[...ndulu] | ingiring ing buron wana | sangsam kidang maesa banthèng lan kancil | samya munya sêdaya ||

14. yèn jalmaa sêdaya samya ngling | ngaturakên pêjah gêsangira | sumôngga karsa karsane | Sang Prabu Majalangu | sira Dilah umatur aris | dhuh gusti sri narendra | ngaturakên ulun | punika sagunging kewan | pan sumôngga ing karsa sri narapati | Brawijaya ngandika ||

15. nulya budhal sagung kang pra rabi | sami nitih kang pêdhati sinang | ki jêbadbèdri arane | sangsam ginêrit sampun | Brawijaya suka ing galih | salaminira gêsang | tan kadya puniku | kasukanira nèng dunya | katingal Ki Dilah kaprawirannèki | suka Sang Brawijaya ||

16. karsanira wau sri bupati | pan Ki Dilah kinulawisudha | jinunjung mantri lungguhe | winênangakên sampun | tampi dhawuh lan sinung nagri | sabrang tanah Palembang | jumênênga ratu | pinaring wadya salêksa | saking Jawi ingakên putra nêrpati | dibya pan kinasihan ||

17. kunêng mangke gêntya kang winarni | kang kocapa Risang Putri Cina | ingaturakên sang katong | dene putri Cinèku | luwih ayu warnirèki | kang carma maya-maya | lir gêdhah dinulu | kadi kartika gumêbyar | yèn adhahar katingal upa duk manjing | nèng jôngga upan-upan ||

18. Brawijaya sukanira ngênting | sinêngkakkên Rajaputri Cina | sampun dadya garwa anèm | sihira sakêlangkung | pramèswari ing Dwarawati | garwanira kang tuwa [tu...]

--- 1 : 52 ---

[...wa] | apan maksih kantun | ya ta pramèswari mular | nuwun pêgat ingulihna rama bibi | pan ingsun putri Cêmpa ||

19. Brawijaya angandika aris | ariningsun yèn sira tan arsa | maru putri Cina anggèr | yêkti iku sun tundhung | saking pura ing Majapait | Brawijaya nênurat | saraosing kalbu | wus kawrat sajro nawala | gya sinungkên marang Gajahmada Patih | nêmbah sigra tinampan ||

20. kyana patih wusnya tampi tulis | wus uninga sasmitaning nata | nulya lumampah sira ge | Garêsik kang jinujug | Arya Damar kalanirèki | mangkat ing Majalêngka | kandhêg lampahipun | nèng Garêsik pamondhokan | pan anganti wadine sri narapati | ingkang wus winangsitna ||

21. sigra prapta Gajahmada Patih | ing Garêsik cundhuk lawan Arya | Damar wau nulya lèngsèr | saking dènira lungguh | Patih Gajahmada sigra ngling | hèh ta Ki Arya Damar | manira ingutus | dhumatêng sri naranata | maringakên garwa dalêm ingkang mijil | saking nêgari Cina ||

22. myang surate Prabu Majapait | kinèn nêdhakakên dhatêng tuwan | sêksana tinampan age | mring Arya Damar sampun | ponang surat binuka aglis | winaca sinuksmèng tyas | kadriya kang têmbung | Arya Damar wus atômpa | titi tamat nuwalanya sri bupati | dhawuh mring Arya Damar ||

23. Arya Damar alon dènnya angling | dhuh Kiyai Patih Gajahmada | andika [a...]

--- 1 : 53 ---

[...ndika] matur sang katong | sêmbah ulun anuwun | bidhal kula kèndêl Garêsik | alama dèrèng layar | angantosi ulun | ing karsa sri naradipa | rèhning kula angabdi sri narapati | ewuh eman ing lampah ||

24. Kyai Patih Gajahmada mulih | dyan lumampah prapta ing nêgara | tumamèng Majapaite | wus tundhuk ngarsa prabu | Gajahmada umatur aris | pukulun sri narendra | ulun tuwan utus | dhumatêng ing Arya Damar | mitêdhakkên nuwala tuwin sang putri | nuwun pun Arya Damar ||

25. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Arya Damar mancal | sigra binabar layare | anuju angin timur | palwanira lumampah aglis | pan anglir pendah kilat | ing Palembang rawuh | lajêng minggah ing dharatan | Arya Damar lajêng têtêp madêg aji | anèng nagri Palembang ||

26. ênêngêna kang madêg nêrpati | nèng Palembang Cêmpa kang kocapa | Sèh Maklum Brahim putrane | kêkalih samya jalu | ingkang sêpuh wastanirèki | kêkasih Radèn Rahmat | ingkang anèm wau | Radèn Santri namanira | Raja Cêmpa putrane wau winarni | nama Radèn Burerah ||

27. Radèn Rahmat sêmana apamit | mring kang paman sang raja ing Cêmpa | tanapi wau arine | Rahadèn Rahmat matur | mring kang paman anuwun pamit | kawula arsa kesah | anuwun pangèstu | badhe dhatêng tanah Jawa | atêtuwi mring jêng uwa Majapait | Raja Cêmpa ngandika ||

28. sun lilani iya sira [si...]

--- 1 : 54 ---

[...ra] kaki | nanging arinira iku nyawa | sira gawaa karone | saparan aja kantun | Ki Burerah kêlawan Santri | iku wawêkas ingwang | aja salah dunung | ya ta sampun sinangonan | risang putra katiga sami ngabêkti | sigra mangkat sêdaya ||

29. wus anitih baita lumaris | layar nêngah marang nungsa Jawa | ing marga tan winiraos | wus prapta Majalangu | dyan cumundhuk lawan sang aji | praptane putra tiga | sukèng tyas kêlangkung | mring nata binujakrama | tan winarna lamine nèng Majapait | apan sampun sawarsa ||

30. kawarnaa wusing lami-lami | Radèn Rahmat sêmana akrama | punika antuk putrane | Wilatikta Tumênggung | pan kêkalih putranirèki | Tumênggung Wilatikta | èstri kang pêmbayun | awasta Gêdhe Mênila | apan sampun pinanggihakên tumuli | kêlawan Radèn Rahmat ||

31. kang taruna wasta Radèn Sahid | jalu bagus cahyane gumawang | jangkêp kêkalih putrane | Rahadèn Rahmat wau | wus apamit dhatêng nêrpati | awisma Ngampèldênta | dènira dhêdhukuh | wau ingkang kawarnaa | Radèn Santri lan Radèn Burerah nênggih | wus sami palakrama ||

32. apan angsal atmajanirèki | Arya Teja kêkalih putranya | sami wanodya kalihe | samya yu warnanipun | ingkang sêpuh kalap Dyan Santri | dene ingkang taruna | pan kagarwa sampun | dhumatêng Radèn Burerah | radèn kalih apan sami nyuwun pamit [pa...]

--- 1 : 55 ---

[...mit] | dhatêng Sang Brawijaya ||

33. apan arsa dhêdhêkah Garêsik | radèn kalih wus sami ngidenan | datan winarna solahe | wus sami adhêdhukuh | radèn kalih anèng Garêsik | wau kang kawarnaa | molananyar rawuh | saking Arab tanah Judah | apêparab Sèh Wali Lanang ngêjawi | anjujug Ngampèldênta ||

34. Brawijaya alon ngandika ris | juru tênung ajar myang pandhita | nujum ramal ladunine | benjang sapungkur ingsun | apa ana ingkang gumanti | satêrah turun ingwang | ana Majalangu | ingkang jumênêng narendra | dhawuh ingsun lah mara jawabên sami | sêdaya aturira ||

35. dhuh sang nata kantun tigang iji | têdhak tuwan inggih madêg nata | gumantya nata badhene | pan dados nata agung | pan ing têmbe ngalih nêgari | maksih turun narendra | ngêdhaton Mêtarum | kèdhêp sagunging wong Jawa | sami seba sêdaya dhatêng Mêtawis | ratu tanpa sisihan ||

36. sri narendra bubaran tinangkil | sigra kundur marang ing kêdhatyan | kêpanggih lawan garwane | gya pramèswari tundhuk | lawan putri ing Dwarawati | tan pisah sinisihan | dènnya karon lulut | warnanên mangke sang nata | gêrah sangêt rajasinganên sang aji | alami tan sineba ||

37. sakèh usada tan na nêdhasi | gêrahipun sampun tigang côndra | datan ana ing sênggange | ing wayah tabuh têlu | amiyarsa swara tan kèksi | wau sri naranata | kang

--- 1 : 56 ---

swara ngling arum | yèn sira arsa waluya | hèh sang nata gêrahira iku nênggih | anganggoa wong Wandhan ||

38. ngulatana uwong Wandhan kuning | sumangsane sirèku ngagêma | pinêsthi mulya gêrahe | kagyat tumulya wungu | sri narendra ing Majapait | gya kinèn angupaya | wong Wadhan nulyantuk | bêbêktan saking ing Cêmpa | parêkannya Nimas Ratu Dwarawati | boyongan saking Wandhan ||

39. cinarita putri Wandhan kuning | kamulane anèng nagri Cêmpa | nalika Wandhan bêdhahe | ya ta sira sang prabu | ponang Wandhan dipun sarèni | sapisan nulya waras | gêrahnya sang prabu | salaminira sang nata | anyarèni ing kênya tan kadi mangkin | ing mangke kang sarira ||

40. nulya wawrat Risang Wandhankuning | sampun lami jangkêp ing sêmaya | sêksana babar putrane | jalu warnanya bagus | cahyanira amindha sasi | ri sêdhêngnya purnama | wus katur sang prabu | yèn Ni Wandhankuning babar | miyos jalu warnanira langkung pêkik | cahya anglir sêsôngka ||

41. gya pinundhut ingkang jabang bayi | de sang nata pinangku winangwang | tuhu binagus warnane | angandika sang prabu | marang bala ing Majapait | lah sira timbalana | iya mitraningsun | sira Ki Buyut Masahar | juru sawahira mangke sri bupati | tan dangu praptèng ngarsa ||

42. Brawijaya sigra dènnya angling | hèh ki buyut sira ing Masahar | ambilên jabang bayine | sira gawea

--- 1 : 57 ---

sunu | apan sira nora nganaki | wêkas ingsun ing sira | yèn jangkêp sawindu | rare iku patènana | aja sira ngêlirkên wawêkas mami | sun supatani sira ||

43. pramulane wêkas ingsun gati | marang sira iya rare jabang | si juru tênung wêcane | pan iku dadi ratu | tur angrusak ing jênêng mami | ki buyut ing Masahar | sigra amit mantuk | kang jabang bayi binêkta | praptèng wisma ni buyut bungah kêpati | amanggih putra priya ||

44. warnanira dinulu apêkik | mapan nyata wijiling kusuma | nyai buyut langkung sihe | dènira darbe sunu | pan dinadah dinulang nênggih | esuk sore kapêksa | myang pangrêksanipun | ni buyut pinôncawara | polahira kadi putrane pribadi | ing dalu kinêmitan ||

45. anak putu ingkang sami kêmit | sarupane tiyang pasawahan | kang jalu kêmit dalune | kang èstri mara esuk | miwah sore sami nyênyangking | karya êmpon-êmponnya | lawan lisahipun | miwah ambêkta dhaharan | pan gumêrah akathah kang ngêladèni | ing dalu lawan siyang ||

46. gêdêring wong lir wong darbe kardi | kyai buyut langkung sukanira | amarwata suta tyase | ya ta pan sampun puput | jabang bayi dipun wêstani | Radèn Bondhan Kêjawan | dènira ki buyut | kang jabang bayi sêmana | lir ginege glis agêng kathah kang warsi | wus umur kawan warsa ||

47. laminira jangkêp pitung warsi | Radèn Bôndhankêjawan [Bôndha...]

--- 1 : 58 ---

[...nkêjawan] punika | ki buyut swarèng rabine | anakira ni buyut | pan andungkap ing pitung warsi | wêwêkase sang nata | yèn jangkêp sawindu | umure atmajanira | ingsun kinèn matèni putranirèki | jrih ulun sinupatan ||

48. nyai buyut sigra dènnya angling | kaki buyut suta pêkênira | Ki Bondhan Kêjawan Radèn | wus dadi manah ingsun | lamun sira angalap pati | sun bae patènana | mrih mati karuwun | ki buyut narik curiga | tarkanira mring Radèn Bondhan sayêkti | nyai buyut kantaka ||

49. nyai buyut kantaka tan sipi | kyai buyut kandhêg karsanira | anon kalêmpêr rabine | osike jroning kalbu | yèn sidaa ingsun patèni | anak ingsun Si Bondhan | rabiningsun lampus | pindho papa awak ingwang | suta mati rabiningsun angêmasi | supe wêling sang nata ||

50. kyai buyut sigra amarani | rabinira anulya ingêmban | ki buyut aris wuwuse | rabiningsun ni buyut | anglilira sira dèn aglis | sun turut karêpira | anakira wurung | gon ingsun sêdya piala | nyai buyut wau myarsa nuli nglilir | putranira kinuswa ||

51. Kyai Buyut Masahar lon angling | yèn mangkono yayi karsanira | lah karia sira mangke | ingsun mring kutha iku | arsa matur marang sang aji | aja katingal ala | ing ubayaningsun | sarèh ingsun wus ubaya | bok iyaa sun [su...]

--- 1 : 59 ---

[...n] karya manising angling | panulake nakira ||

52. sun aturne yèn uwis ngêmasi | sutanira Si Bôndhankêjawan | dèn abêcik pangrêksane | anulya lumêstantun | Kyai Buyut Masahar aglis | malêbêt ing jro kitha | nênggih Majalangu | arikat dènnya lumampah | sigra prapta ing Majapait nêgari | sang nata duk sineba ||

53. pêpak sagung sêntana myang mantri | lan punggawa miwah para putra | atap ing pagêlarane | asri lamun dinulu | wadyanira ing Majapait | ki buyut ing Masahar | mangsah ngalun-alun | alinggih ing pênangkilan | pasilanya mangrêpa tumungkul nênggih | nêmbah cundhuk sang nata ||

54. jabang bayi apan sampun lalis | ulun tuhu sêtya ing narendra | sampun dumugi yuswane | jangkêp ing pitung taun | risang nata ing Maospait | sigra dènnya ngandika | tarima ngong Buyut | Masahar prasêtyanira | maring mami ambaurêksa mring mami | têmên-têmên tyas brôngta ||

9. Asmaradana

1. kunêng malih kang winarni | padhêkahan Kudus mangkya | nênggih ingkang winiraos | Ki Gêdhe Kudus punika | têtiga putranira | samya jalu bagus-bagus | liya ibu kang taruna ||

2. tunggil ibunya kêkalih | ingkang atuwa punika | wus samya akrama karo | atmaja garwa taruna | satunggal dèrèng krama | putra wuragil puniku | apan ta sampun diwasa ||

3. tansah tinari akrami | dening yayah sru lênggana [lêngga...]

--- 1 : 60 ---

[...na] | kêlangkung sangêt amopo | kang rinukti ing wardaya | karêm amangun tapa | tyasira sangêt mangun kung | dènnya amrih kautaman ||

4. kaluwihan ing sêsami | amunjuli padha jalma | saya sangêt kagagase | marmanya dahat lênggana | kinèn krama ing yayah | nanging ki agêng ing Kudus | asru amêrdi ing putra ||

5. lah kramaa sira kaki | aja wèt sira lêlamban | akarya ucaping ngakèh | yèn sira nora kramaa | lah babo pilihana | atmajane wong sa-Kudus | tuwin nagri liyanira ||

6. macêpat môncanêgari | mara sira pilihana | sok sira sênênga bae | ingsun takokêne nyawa | manira kang anglamar | kang putra matur anuwun | suka tampia dêduka ||

7. manah kawula samangkin | dèrèng pisan nêdya krama | wikan ing têmbe ngakire | mênawi gadhah panêdya | inggih dhatêng wanodya | samangke anuwun bêndu | ulun dèrèng sêdya krama ||

8. ingkang rama têmah runtik | mirsa ature kang putra | de tan dhinèrèk karsane | sêksana kinèn akesah | wau ingkang atmaja | ki agêng sangêt kang bêndu | sêdya amrih tinuruta ||

9. dadya anggraitèng ati | ki jaka dènnya kadukan | sangsaya sru ngrudatine | saking jrih dukaning rama | dadya anyilib tingal | anis kalanirèng dalu | tan ana ingkang uninga ||

10. enjing wus katur ramèki | yèn putra ing dalu musna | kagyat tyasira ki gêdhe | nulya [nu...]

--- 1 : 61 ---

[...lya] kinèn ngulatana | ing desa tuwin wana | praja liyan tan kêpangguh | ki gêdhe narimèng Suksma ||

11. mangkana ingkang winarni | kang murca saking ing wisma | ki jaka lêpas lampahe | tan ana sinêdya ing tyas | lumêbèng wanawasa | ing gunung Kêndhêng jinujug | prapta wana tapa ngidang ||

12. tan arsa katingal jalmi | Ki Jaka amati raga | datan kawarna lamine | sangsaya kalunta-lunta | lampahira Ki Jaka | sêmana mulat ing ranu | bèji pangangsoning jalma ||

13. ayom sitinira rêsik | kaidêran sêsêkaran | asri endah winulat wong | ing ngriku lèrèn ki jaka | ngisoring sêkar-sêkar | ki jaka eca alungguh | warnanên kang darbe taman ||

14. ki agêng ing Kêmbanglampir | ketang miyat tamanira | apan ika pangungsène | wong Kêmbanglampir sêdaya | ya ta kang cinarita | ki agêng atmajanipun | satunggal ayu utama ||

15. apan maksih rara kêncing | ayune datanpa sama | wus amêpêk biraine | tinari krama tan arsa | rêmên momong sarira | dèrèng wontên kang panuju | marmanira awèt lômba ||

16. duk samana maring bèji | angangsu datanpa rowang | wanci wus ing bêdhug suwe | warnanên ingkang angidang | lèrèn têpining taman | sêmana waspada dulu | yèn ana dyah kênya prapta ||

17. karsanya siram ing bèji | sang dyah tan amawi rewang | ki jaka sigra lumèngsèr | umpêtan ampingan wrêksa | ing bèji têpinira | nênggih wontên [wo...]

--- 1 : 62 ---

[...ntên] wrêksa kêpuh | dhèmpèt lawan wrêksa gayam ||

18. ing ngriku gonira dhamping | ki jaka dènnya umpêtan | nanging waspada tingale | sasolahira bok rara | nanging sang dyah prayitna | ing saparibawanipun | sajro taman kang winawas ||

19. apan tan ana kaèksi | iya jalma liyanira | datan ana sabawane | ni rara alukar sinjang | tanapi kasêmêkan | sang rêtna anyawuk banyu | asiram tanpa têlêsan ||

20. sarira dahat dumêling | katingal sakalirira | kang rêmpid-rêmpid akaton | sadangunira asiram | ki jaka awaspada | dhasare sang rêtna ayu | sarira tanpa wêrana ||

21. dangu dènnya aningali | ki jaka tyasnya kagiwang | amung sang rara nèng panon | supe dènnya amêrtapa | mulat wanodya siram | sang rara gya mêntas sampun | ngrasuk sinjang kasêmêkan ||

22. ki jaka sigra umijil | saking ênggone umpêtan | dangu anahan wirage | Ki Jaka Kudus sêksana | sarêng mêntas sang rara | lajêng anêkakkên kayun | dahat tan amawi taha ||

23. ki jaka marani aglis | sang ayu sampun cinandhak | amisesa panggujêge | sang dyah gumêtêr kang ôngga | rinakêt ing wong priya | apan satuwuk tumuwuh | dèrèng cêlak lawan priya ||

24. nanging sang dyah wus birai | amêpêk diwasanira | wantu kakung lan èstrine | sang rara sumanggèng karsa | sumarah gya asmara | rame ulêm ing alulut [alulu...]

--- 1 : 63 ---

[...t] | wus sami anunggal karsa ||

25. ing solah datan winarni | sêmana wus awor jiwa | pan wus kodrating Hyang Manon | kêpanggih jêjaka rara | sarêng turuning cahya | trahing sujalma linuhung | tan winarna solahira ||

26. sawusira andon rêsmi | ki jaka anulya kesah | umanjing ing wana manèh | nutugakên tapa ngidang | asamar tan wrin jalma | sang rara anulya mantuk | tan winarna laminira ||

27. sang rara sampun kêtawis | kêkandhangane wong wawrat | owah kabèh sarirane | ibu rama datan samar | yèn manggih kawirangan | ingkang rama tansah dangu | angudi ing putranira ||

28. ingsun atanya sirèki | nini sapa rowangira | ngong jarwanana ta anggèr | yèn nini sira wus jarwa | ngong dhaupakên sira | lawan rowangmu raras rum | ywa awèt dadi pocapan ||

29. kapriye ta sira nini | kêlamun sira tan jarwa | ni rara ing driya kraos | yèn ngakêna tan uninga | nama myang wismanira | dhuh rama gih badan ulun | luhung tumêkèng ing pêjah ||

30. têlas dènira amurih | yayah rena mring atmaja | ni rara tan arsa wartos | asangêt putêking driya | yayah rena atêmah | kaku ing wêrdayanipun | asangêt runtik mring putra ||

31. rêngu wijile kang angling | manguman-uman ing putra | ki gêdhe sangêt runtike | tan kuwawa nahan wirang | mila puwasing driya | tyasnya ki gêdhe mring sunu | mangkana ingkang atmaja ||

32. ajrih rama sangêt [sangê...]

--- 1 : 64 ---

[...t] runtik | tyasira sangêting wirang | sêmana ing ratri lolès | datan wrin pringganing wayah | wus mêtu manjing wana | tan kawarna laminipun | saya sêpuh dènnya wawrat ||

33. wus prapta sêmaya sasi | ingkang jabang bayi babar | nèng têngah wana laire | aran wana Kêpanasan | ingkang ibu palastra | kunduran palastranipun | ingkang putra anèng dagan ||

34. apan wus karsaning Widi | urip jabang bayinira | munggèng dagane bibine | sigêgên kang kawarnaa | Ki Agêng Seladaka | karêmanira nênulup | kêlangênan maring wana ||

35. sabên ari mring wanadri | ki agêng ing Seladaka | yèn anulup karêmane | singa kang kinarsakêna | dèrèng nate acuwa | nanging kalamôngsa iku | ki agêng dhatêng ing wana ||

36. nulup luput kang kinapti | apan kadya sinupatan | tan mulat pêksi sawiyos | agêng kang warni kukila | ki agêng yèn manggiha | kinjêng kêndhêla tan nêmu | tuwin buron sato wana ||

37. satunggil datan amanggih | miwah lyaning buron wana | salire kang dèn upados | ki agêng ngungun ing driya | nanging tan sudèng karsa | ki gêdhe sangsaya darung | ngidul ngetan lampahira ||

38. datansah amurang margi | ki agêng ing Seladaka | lampahe nêmpuh wana grong | kalimput ardaning sêdya | ngupaya buron wana | lêpas lampahira darung | sapraptane Kêpanasan ||

39. kagèt ki agêng ningali | jabang bayi kêlangsaran [kê...]

--- 1 : 65 ---

[...langsaran] | amêlasasih tangise | nèng dagan bibi palastra | Ki Agêng Seladaka | dahat wêlasira dulu | sêksana pinarêpêkan ||

40. waspada dènnya ningali | ki agêng ing Seladaka | marang bibi kang wus layon | tuhu endah ingkang warna | kaya trahing atapa | lawan rare jabang jalu | abagus suwarnanira ||

41. kêlangkung wêlas ningali | ki agêng ing Seladaka | sigra mudhari sabuke | kang jabang bayi ingêmban | paningsêt cindhe kêmbang | sêksana sampun sinambut | kang jabang bayi ingêmban ||

42. asigra binêkta mulih | angalèr ngilèn lampahnya | têngah marga winiraos | wontên kidang ngalang marga | lir minangsi wulunya | asungu kêncana murub | anetra kumala muncar ||

43. ki buyut sarêng ningali | mring kidang lajêng kagiwang | sêksana pinaran age | dupi cêlak amanculat | lincak-lincak tan têbah | datan têbih playunipun | malang megung anèng ngarsa ||

44. ki agêng sangêt dènnya mrih | rèhning wus kasêngsêm ing tyas | dadya tinut saparane | kidang mring ki agêng mangkya | tan etang dalu siyang | ngalèr ngetan lampahipun | sêmana manggih pratapan ||

45. kidang wau tan kaèksi | sapraptanira pratapan | ki agêng cuwa driyane | raganira lêsu lupa | tanbuh paraning duka | rare alit kang sinêndhu | rinaos datanpa karya ||

46. mangkana osiking ati | ki gêdhe ing Seladaka | kaya ngapa raganingong |

--- 1 : 66 ---

anggawa ing rare jabang | tanbuh ingkang sêsuta | tan wruh kang aduwe turun | bonggan gawe raganingwang ||

47. ri sampun ngartikèng ati | ki gêdhe ing Seladaka | sigra nyèlèhakên rare | sor giyanti pêrnahira | munggèng siti pratapan | anulya tinilar sampun | jabang bayi gilang-gilang ||

48. kyai agêng kesah aglis | lajêng nutugakên karsa | ngupaya ing kidang age | jabang bayi kang tinilar | anèng pratapanira | ing nguni Ki Agêng Tarub | duk gêsang angguladrawa ||

10. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | wontên malih ingkang cinarita | kang tinutur sêjarahe | ni wulanjar ing Tarub | pan kêlangkung kawêlasasih | satilare kang raka | tansah among wuyung | kang dadya prihatinira | ni wulanjar ing Tarub dahat kapingin | wrin raosing sêsuta ||

2. duk ing nguni maksih ingkang laki | nyai rôndha dèrèng asêsuta | kasêlak tilar kakunge | marmanira kêlangkung | nyai rôndha dènnya prihatin | asupe dhahar nendra | manêkung pinêsu | sêmana pan tinarima | ing Hyang Suksma nuju malêm Gara Kasih | têngah wêngi wayahnya ||

3. miyat cahya padhang anêlahi | pêrnahira dhepoke kang raka | pêrtapane duk gêsange | ni rôndha kagyat dulu | ya ta nuli dipun parani | dhumatêng nyai rôndha | kang cahya kadulu | saking liwunge kang manah | ni wulanjar tan ana dèn kawêdèni | sapraptanirèng kana ||

4. nyai gêdhe kagyat [ka...]

--- 1 : 67 ---

[...gyat] aningali | dene ana jabang bayi lanang | anèng sor giyanti gone | sigra pinaran gupuh | panggenane kang jabang bayi | maring nyai wulanjar | nulya glis sinambut | kang jabang bayi ingêmban | mring ni rôndha sêksana ginawa mulih | dhatêng ing wismanira ||

5. sampun prapta ing wisma tumuli | nyai rôndha sangêt sukèng driya | sêmana wêwêdhak age | apilis kunir apu | mangkah-mangkah pêmbayun kalih | anglir mêntas sêsuta | kodrating Hyang Agung | dinuluran karsanira | nyai rôndha saluku dènira linggih | sutanya sinusonan ||

6. ri sêksana praptanira enjing | têtanggane sanake nyi rôndha | miyarsa tangise rare | nulya prasami rawuh | atêtinjo ningali bayi | kagèt osiking nala | kapanane iku | wawrat dene apêputra | baya sapa rewange apulang rêsmi | gawok ingsun tumingal ||

7. ingkang têbih sanakane prapti | atêtinjo mring nyai wulanjar | sami samêkta bêktane | iku bêbayinipun | nusu lamun ana têtami | yèn tan ana wong prapta | datan arsa sunu | mung nusu jêmpoling asta | kacarita duk sêmana pitung ratri | padhang anglir raina ||

8. sorote cahyaning kang bêbayi | kang madhangi wismane nyi rôndha | dadya tan ana wêngine | nyai rôndha ing Tarub | sêlamine darbe bebayi | kathah dêrajatira | kèh rêjêki rawuh | sagung wong ingkang amulat | jalu èstri mring jabang bayi samya [sa...]

--- 1 : 68 ---

[...mya] sih | sami kacaryan mulat ||

9. kawarnaa wau kang bêbayi | umurira sampun pitung warsa | dadya panutan rare kèh | Ki Jaka kancanipun | rare-rare prasami asih | tut wuri mring Ki Jaka | karyanira nulup | angambil kinjêng kêndhêla | sabên dina rare akèh atut wuri | sih lulut mring Ki Jaka ||

10. pan sêmana Ki Jaka prihatin | saking sangêt karêm têtulupan | lali dhahar lawan sare | kawarnaa ing dalu | Kyai Jaka sare naritis | anèng patapanira | kang rama karuwun | wayahe bangun raina | wontên katon sumêladhang ulon guling | acangkuhasangkuh ujung lanang ||

11. dyan cinandhak mring Ki Jaka aglis | ponang dêpon aponthang kêncana | Ki Jaka sangêt bungahe | enjing kesah nênulup | rare kathah sami tut wuri | sabên dina mangkana | mantuk lamun surup | sêmana saya diwasa | Kyai Jaka umur kawan wêlas warsi | maksih karêm mangkana ||

12. nyai rôndha sangêt mituturi | mring kang putra lah sira kramaa | mapan sira wus agêdhe | marènana nênulup | arabia nak ingsun gusti | lah sira pilihana | pêrawan ing Tarub | pratuwin Warung Sêsela | sun lamare kang ayu tur maksih kêncing | Ki Jaka datan arsa ||

13. ya ta kesah Ki Jaka anuli | maring wana arêmên tumingal | manuk kèh warna-warnane | pan kadya ambêbingung | sagung pêksi anèng ing nginggil | wontên pêksi satunggal | Ki Jaka kapencut | wulune [wu...]

--- 1 : 69 ---

[...lune] mubyar lir êmas | netra mancur cucuk lir êmas sinangling | arum rênyah kang swara ||

14. lir piturun saking ing swarga di | môncawarni kang pêksi ulêsnya | dhapur manuk jalak urèn | lamine dèrèng dulu | Kyai Jaka lagi sêmangkin | mencok pang nagapuspa | Ki Jaka kapencut | asangêt dènnya kêsmaran | apratignya Ki Jaka sajroning galih | yèn ora kacêkêla ||

15. suka ingsun tumêka ing pati | kaya priye ing pirantènira | supaya manuk kênane | ya ta osiking kalbu | sêmyang-sêmyang raosing galih | langkung dènnya sungkawa | abrôngta mring manuk | kunêng suruping baskara | Kyai Jaka sare nèng kubur sawêngi | duk ngajêngakên pajar ||

16. wontên cumlorot saking wiyati | tanpa sangkan tulupan kang warna | sumêladhang nèng luhure | cahyane kadya daru | pan jumêgur swara duk prapti | warnane têmbaga bang | rinêngga mas murub | cêcêpe kêncana mulya | duk sêmana Ki Jaka sarêng ningali | ing ulon-ulonira ||

17. lir katiban daru saking langit | Kyai Jaka angungun tumingal | kang sumladhang nèng luhure | dinulu warni tulup | Kyai Jaka suka tan sipi | ing tyas datan dêrana | kang tulup sinambut | tan pêgat sinawang-sawang | ponang tulup lawan pasêripun nênggih | tyasnya marwata suta ||

18. ingkang pasêr pan pinundhi-pundhi | lêmpungira cinêkêl ing asta | kang pêksi kêncana ngèdhèng | murub muncar kadulu | lan [la...]

--- 1 : 70 ---

[...n] kumitir ingkang suwiwi | lincak-lincak nèng ngarsa | Ki Jaka andulu | pêksi mibêr tinut wuntat | manjing wana datan adoh mencok malih | pan sarwi lincak-lincak ||

19. Kyai Jaka anulup sumriwit | pêksi mabur apan datan kêna | tansah ambèbèr êlare | tinulup pindho luput | pêksi musna datan kaèksi | Ki Jaka sungkawèng tyas | pêksi tan kadulu | wana gung tan ana jalma | Kyai Jaka ngulati ngudi kang pêksi | kang ulês môncawarna ||

20. dangu-dangu pêksi katon malih | mencok anèng pange nagapuspa | lir bèbèr wayang êlare | pan arsa dipun tulup | dyan winawas duk ingayati | manuk ngalih ênggènnya | nulya tan kadulu | Ki Jaka kari anggana | kang kacipta mung pêksi kang môncawarni | tanpa kanthi nèng wana ||

11. Kinanthi

1. Ki Jaka tan kêna muwus | sangêt sungkawaning galih | datansah amênggah-mênggah | dene musna ingkang pêksi | kunêng malih kang kocapa | satêngahipun wanadri ||

2. pan wontên têlaga agung | padusane widadari | pêndhak Gara Kasih prapta | ing wayah têngange nêgihnênggih | têlaga satêngah wana | kang toya kêlangkung wêning ||

3. gumêdêr gumêrah umyung | samya dus pra widadari | kêlawan sarowangira | warnanên kang agung brangti | Ki Jaka kagèt miyarsa | arame swaraning èstri ||

4. tinilingakên puniku | suwara dipun pêrpêki | mindhik-mindhik lampahira | ampingan wrêksa [wrê...]

--- 1 : 71 ---

[...ksa] arêmpid | pawèstri samya yu endah | Ki Jaka micarèng ati ||

5. baya iki warnanipun | widadari ing suwargi | ingkang adus ing têlaga | dene padha ayu luwih | cahyane kadya sêsôngka | Ki Jaka awas ningali ||

6. busanane ingkang adus | tinumpuk dadi sawiji | kang sinjang lawan rasukan | tinumpuk sapinggir bèji | acakêt kêlawan toya | Ki Jaka graitèng galih ||

7. ngong jupuke sinjangipun | anglangsur dènnya lumaris | arênggosan napasira | adangu datan kaèksi | dupi wau sampun pêrak | kulambi sigra cinuthik ||

8. kêlawan sinjange katut | ya ta undurira ririh | anjujug ampingan wrêksa | lampahira sampun têbih | kunêng wau ingkang siram | sakeca kosokan sami ||

9. Ki Jaka pan lajêng mantuk | bêkta sinjang lan kulambi | datan cinatur ing marga | sapraptane wisma nuli | busana gya sinimpênan | tan ana ingkang udani ||

10. gène sandhangan puniku | sinèlèh ngisoring pari | sajrone lumbung punika | ênggone kêlangkung rêmpid | panyimpênira busana | anèng sangisoring pari ||

11. sampun tinindhihan pantun | Ki Jaka anulya bali | bêkta sinjang lan rasukan | saking ing wismanirèki | datan kari sêmêkannya | Ki Jaka bêbêktannèki

12. mêrpêki têlaga wau | sarwi asingidan rêmpid | ngawasakên polahira | kang sami siram nèng bèji | rame sami kêkosokan [kêko...]

--- 1 : 72 ---

[...sokan] | wus tutug asiram sami ||

13. pra widadari sêdarum | ingkang siram anèng bèji | angucap ing rowangira | payo padha mêntas sami | wus adangu anèng toya | sêksana umêntas aglis ||

14. sêdaya busana sampun | lajêng ngumbara wiyati | kari Dèwi Nawangwulan | maksih angum anèng warih | mêncil akantun pribadya | sira Dèwi Nawangsasi ||

15. ing driya kêlangkung ngungun | klambi sinjang tan kaèksi | sang rêtna lara karuna | kalimputan solahnèki | arsa mêntas maksih wuda | dadya angum anèng warih ||

16. kêlangkung kawêlasayun | angiyêng dènira nangis | kari lawan kancanira | tanpa sinjang tanpa klambi | sêsambat alara-lara | katuwone awak mami ||

17. ngur baya tumêkèng lampus | lan ilang busana mami | nora wurung kamanungsan | wus warising widadari | kulambi miwah sinjangnya | minôngka êlarirèki ||

18. yèn ilang sandhanganipun | tan bisa ngambah wiyati | sayêktine kamanungsan | mila bingung tyasirèki | wus tininggal rowangira | Nawangwulan kawlasasih ||

19. angum anèng jroning ranu | tanpa sinjang lan kulambi | ciptane sajro wardaya | paran polah ingsun iki | lamun kawruhana priya | mendah dene wirang mami ||

20. sinurakan kancaningsun | sakèhe pra widadari | pêsthi nyuraki sêdaya | sangsaya wuwuh prihatin | kocapa wau Ki Jaka | eca nèng sor

--- 1 : 73 ---

kayu dhamping ||

21. mêspadakkên solahipun | Nawangwulan anèng warih | Ki Jaka awas tumingal | marang Rêtna Nawangsasi | ngêrês manahe Ki Jaka | sêksana ngatingal aglis ||

22. ngèdhèng jiwa raganipun | sarwi amarani ririh | marang satêpining toya | osike sajroning ati | ayu têmên wong punika | mendah baya-bayanèki ||

23. pêsthi maya-mayanipun | mayane anjait ati | kaya ngapa polah ingwang | yèn ora têkèng sarêsmi | angur ta ingsun matia | lamun ora akaronsih ||

24. adhuh lae kukus gunung | kinapakna awak mami | palwa gung kandhêg samodra | kandhêm kèrêm sun labuhi | sarwi mênggah ngusap jaja | saya parêk lampahnèki ||

25. prapta satêpining ranu | Ki Jaka ngadêg ing pinggir | mangkana Dyah Nawangwulan | duk wau sarêng ningali | wong lanang bagus taruna | tyasira wuwuh prihatin ||

26. sang dyah panone sumaput | saking wirange tan sipi | Ki Jaka aris atanya | lah wong apa sira iki | warnanira ayu endah | tanpa rewang angum warih ||

27. tanpa sinjang anèng ranu | sang rêtna aris nauri | pan sarwi ngusapi waspa | sangsaya imbuh rêspati | widadari raganingwang | kari lawan kônca mami ||

28. sakèh widadari wau | barêngan ngong siram bèji | mêngko ingsun katiwasan | sinjang lan kêlambi mami | ilange nora karuwan | marmane ngong angum warih ||

29. lamun [la...]

--- 1 : 74 ---

[...mun] mêntas awak ingsun | tanpa sinjang tanpa klambi | Ki Jaka aris saurnya | samêngko kadya punapi | yèn ana kang awèh sinjang | paran baya kang pêrjangji ||

30. nauri Dyah Nawangsantun | yèn ana kang awèh tapih | lamun wonge wus atuwa | manjinga wong tuwa mami | kêlamun maksih taruna | dadia sudara wèdi ||

31. sun anut sakarsanipun | Ki Jaka mèsêm dènnya ngling | lamun tuhu ujarira | lah payo mêntasa yayi | iki ingsun darbe sinjang | kêmbên tanapi kulambi ||

32. ya ta Sang Dyah Nawangsantun | sêksana sampun nampani | sinjang kêlawan rasukan | ya ta wus rinasuk aglis | Nawangwulan sigra mêntas | ngagêm sinjang lan kulambi ||

33. alênggah pinggiring ranu | jagongan tiyang kêkalih | Nawangwulan alon mojar | kawula anilakrami | sampeyan jinis punapa | Ki Jaka mèsêm nauri ||

34. pan manungsa jinisipun | dene ta pêparab mami | ingkang sinêbut ing kathah | Jaka Tarub aran mami | atmajèng Rôndha Kasihan | manira pan durung krami ||

35. baya sira mirah ingsun | pantêse durung akrami | apa maning winicara | aja kêparan doh yayi | mirah atma jiwaningwang | wêlasa wong kawlasasih ||

36. lan sira wus tômpa masku | beya ragad ing akrami | têtukon apalakrama | luwih prayogane yayi | jangji dadi jatukrama | jaka panggih prawan sunthi ||

37. tan rumôngsa krama ingsun | manira [ma...]

--- 1 : 75 ---

[...nira] sêdya angabdi | ing dunya têkèng dêlahan | tulusa ingsun dêdasih | mring gusti kang sawang rêtna | Ki Jaka angusap wèni ||

12. Sinom

1. Sang Rêtna Yu Nawangwulan | myarsa Ki Jaka dènnya ngling | anglês sajroning wardaya | mangkono osiking galih | baya takdiring Widi | lêlakone awak ingsun | akrama lan manungsa | paran gon ingsun sumingkir | ya ta mèsêm Kusuma Yu Nawangwulan ||

2. aris dènira angucap | pan sarwi ambalang liring | bok dados sanak kewala | têtêpa sudara wèdi | Ki Jaka anauri | bok aja kêpalang tanggung | rèhning padha lêlêgan | wus katêmu padha siji | apamanèh yayi ingkang winicara ||

3. sang rêtna mèsêm ngandika | inggih napa dèn rasani | wus karsanira Hyang Suksma | sakarsa kula umiring | rampung dènnya pêrjangji | Ki Jaka manabda arum | lamun mêngkono mirah | lah ta payo padha mulih | ingsun êmban sang rêtna amiwal karsa ||

4. kakang sampun dika êmban | prayogi sami lumaris | sêksana sarêng lumampah | sang rêtna lumampah ngarsi | lampahe nolih-nolih | kagugu sasolahipun | dene nora kayaa | lêlakone awak mami | takdiring Hyang manira laki manungsa ||

5. andulur anèng ing marga | lir Kumajaya lan Ratih | ing marga datan kawarna | ingkang lumampah sarimbit | sêmana sampun prapti | nênggih padhusunan Tarub | lajêng tumamèng wisma | wus sami tata

--- 1 : 76 ---

alinggih | sang kusuma jajar lênggah lan Ki Jaka ||

6. nyi agêng sarêng tumingal | putrane dèn pêlayoni | rinangkul kinuswa-kuswa | sira nyawa têka ngêndi | dene olèh pawèstri | kaya widadari nurun | dhuh anggèr iki sapa | kang putra umatur aris | adhuh ibu punika mantu sampeyan ||

7. tinutur ing purwanira | duk anèng têngah wanadri | ing purwa madya wêsana | kang ibu suka tan sipi | kang putra sampun rabi | nyi agêng tyasnya sagunung | tansah ithak-ithikan | atuwuk datanpa bukti | darbe mantu ayu anom saking swarga ||

8. jinurung panêdhanira | nyi agêng suka tan sipi | putra atut palakrama | anggêpe ginusti-gusti | mantune ayu luwih | atmajane kakung bagus | tan ana kang kuciwa | lir Kamajaya lan Ratih | jalu èstri datan pêgat lênggah jajar ||

9. nyai agêng kawarnaa | nalikane darbe siwi | Ki Jaka anggawa bêgja | gangsar ngupaya rêjêki | tan towang sabên ari | rêjêkine mumah-mumuh | wuwuh wong padha urmat | sabên ari prapta gili | nyai agêng wus ngagêngkên ingkang wisma ||

10. yèn cinatur wismanira | nyi agêng anglir bupati | pasareane kang putra | rinêngga cara bupati | tinon kêlangkung asri | pajangan kumêndhung-kêndhung | dinulu abyor sinang | lir pendah kaswargan ngalih | putra siji rinêngga sinuba-suba ||

11. sêmana suruping arka | gumanti padhanging sasi | ing

--- 1 : 77 ---

dalu kadya raina | anuju purnamasidi | warnanên Nawangsasi | dhasare ayu pinunjul | karêngga ing busana | dhèmês mêsês luwês manis | cahya mancur limpad pasanging graita ||

12. wus misuwur môncadesa | nyi agêng mantune luwih | ayu pantês tanpa sama | surti wêdi bêkti laki | milanya sabên ari | wong prapta kadi sêsulung | yun-yunên kudu mulat | wong kuning ayu macêning | aprak ati sêdhêpe kanthi wiraga ||

13. siyang dalu ingkang raka | tan kêna bênggang sanyari | kadi mimi lan mintuna | pinangku liniling-liling | dèn ban mring jinêm wangi | wus atangkêp samiripun | amangun yudasmara | tanpa wêlèh akaronsih | jalu èstri amêpêk diwasanira ||

14. syang dalu nungku asmara | pêrmain tikswara lungid | luware pulang asmara | asêsuci maring bèji | supe dhahar lan guling | katungkul apulang lulut | antara sangang warsa | nyidham kaworan sang dèwi | nyai agêng ing Tarub sêmana seda ||

15. layoslayon sampun binêrsihan | sinucèkakên tumuli | lajêng kinubur sêksana | lan makaming raka nunggil | Ki Agêng Tarub nguni | lumintu sidhêkahipun | kubur dadya sadranan | misuwur liyaning dèsi | amêmule sami nyuwun karaharjan ||

16. apa kang sinêdya prapta | sakajate kang mêmuri | Ki Jaka gumanti lênggah | kalênggahane kang lalis | pêparab nunggak sêmi | anama Ki Agêng Tarub | pan dadya pangauban | wong ing Tarub wêdi asih | apadene [a...]

--- 1 : 78 ---

[...padene] wong môncapat môncalima ||

17. warnanên Dyah Nawangwulan | wus sêpuh dènnya garbini | sampun prapta mangsanira | lair ingkang jabang bayi | nanging miyos pawèstri | gumêbyar cahyane mancur | kadi wulan purnama | ibu rama langkung asih | yèn liniling èsême lir guladrawa ||