Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083

1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi

1. Sinom

[...][1]

1. [...] ||

--- 11 ---

Sindurêja atur sêmbah | bok suwawi karsa gusti | apan pun Surapati | burone Kumpêni tuhu | aluhung tinêdhakna | dados manahing Kumpêni | saupami padukendra ngêkahana ||

2. èmêng sang nata ngandika | Sindurja mêtua dhingin | timbalana yayi êmas | ing kapugêran dèn aglis | lawan Si Adipati | Madura myang Surèngkewuh | Dyan Arya Sindurêja | tur sêmbah anulya mijil | prapta jawi Pangran Pugêr wus ngandikan || ||

3. jêng pangeran sampun prapta | kalawan punggawa kalih | Jarana[2] lan Cakraningrat | lajêng lumêbèng jro puri | Sindurêja rumiyin | wus prapta ngarsa sang prabu | sang nata angandika | hèh yayi mas adipati | dèn apêrak yayi marang ngarsaningwang ||

4. majêng pangran adipatya | ing Pugêr lan pra dipati | ngandika sri naranata | paran karsanira yayi | layange jendral iki | Si Surapati jinaluk | têkane kang caraka | yun nyêkêl Si Surapati | aran Êtak maksih ana ing Japara ||

5. lah yayi sira pikira | kalawan punggawa kalih | Adipati Sampang nêmbah | lan Jangrana manganjali | Surapati prayogi | pinaringakên pukulun | upami kinêkahan | botên wande dados jurit | abdi dalêm Kumpêni kalawan Jawa ||

6. èmêng Sang Prabu Mangkurat | kang rayi umatur aris | yèn kula datan sêmbada | ature dipati kalih | mapan pun Surapati | angabdi-abdi [angabdi-...]

--- 12 ---

[...abdi] satuhu | dene mangke tinêdha | winastan dosèng Kumpêni | tinurutan inggih kapitêdhakêna ||

7. nanging abdi dalêm Jawa | sampun wontên angrencangi | anyêpêng pun Surapatya | dimèn cinêkêl pribadi | apan pun Surapati | tan darbe dosèng pukulun | punika tiyang Islam | yèn abdi dalêm ngrencangi | yêkti tuwan anyikara tanpa dosa ||

8. dene sami bôngsa Islam | dèn sikara tiyang kapir | paduka wajib amirma | ngakêna tan darbe abdi | dhatêng pun Surapati | praptane Kartasurèku | punika angawula | dhumatêng Rêkyana Patih | Nrangkusuma anggènipun asuwita ||

9. sang nata pinuju karsa | dhatêng ature kang rayi | gumujêng sarwi ngandika | iya bênêr iku yayi | mêngkono layang mami | kalêbua angsul-angsul | dene Kumpêni mêksa | anjaluk Si Surapati | sakarêpe iya têka dicêkêla ||

10. hèh ta Arya Sindurêja | sira mêtua dèn aglis | dhawuhêna mring ajidan | wêcakna timbalan mami | lan tundhungên dèn aglis | lan utusana sirèku | ngatêrna mring Sêmarang | lawan pracayaa maning | kang sun tuduh arumêksa mring Si Êtak ||

11. pangane anèng dêdalan | iya Si Rôngga Sêmawis | Arya Sindurêja mêdal | sapraptanira ing jawi | ajidan dèn timbali | ya ta dhinawuhan sampun | wus pamit sigra mêdal | lan sampun [sa...]

--- 13 ---

[...mpun] warta kang jagi | Kumpêni kang wontên loji Kartasura ||

12. tan kawarna kang lumampah | kawarnaa sri bupati | aris dènnya angandika | hèh yayi mas adipati | sira sun srahi kardi | dhawuhna timbalan ingsun | lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | lan Si Anrangkusuma sun karya wayang ||

13. pituwin para punggawa | padha undhangana sami | awèha gêgaman yuda | ya marang Si Surapati | pangeran nêmbah mijil | punggawa kalih tut pungkur | sapratanirèng jaba | wadya ingundhangan sami | jêng pangeran wus prapta ing dalêmira ||

14. sagunge para punggawa | dalu ingundhangan sami | dhatêng dalêm kapugêran | tanapi rêkyana patih | myang Radèn Surapati | kapugêran sampun rawuh | tata sami alênggah | sagunge para dipati | jêng pangeran andhawuhakên timbalan ||

15. hèh adhi Anrangkusuma | timbalane sri bupati | yèn lamun Si Surapatya | jinaluk marang Kumpêni | sira kinarya ringgit | yèn Si Surapati purun | amagut dutaning sang | Kumpêni saking Bêtawi | kapitane kalo[...] nèng Japara ||

16. nanging uwus ingandikan | marang kang [...]pati | kayaparan sanggupira | lamun sira nora wa[...] | [...] lungaa aglis | saking nagri Kartapurun | yèn si[...] | [...] angidèni | lan maringi kinarya mê[...]||

2. Pocung

1. Surapati manêmbah alon [a...]

--- 14 ---

[...lon] umatur | gusti adhatênga | Gurnadur Jendral Batawi | angêriga Kumpêni ing Batawiah ||

2. awêwaha Kumpêni kang sami rawuh | ulun dèrèng ulap | amêngsah lan tiyang kapir | suka lila lêbura awor pratala ||

3. iki dalêm sang nata kapêtêk ngêmbun | adadosa jimat | minôngka timbuling jurit | wus kasêdya kang abdi pêjah lan kopar ||

4. pintên banggi lamun gêsang dasihipun | kang mugi angsala | brêkat dalêm sri bupati | ya ta mèsêm Pangeran Pugêr miyarsa ||

5. angandika Nrangkusuma ariningsun | pan samangke sira | saèstu kinarya ringgit | amilua Si Surapati solahnya ||

6. pan gumujêng sukèng tyas nêmbah umatur | kawula sandika | timbalanipun sang aji | nadyan inggih lêbura awor lan kisma ||

7. Pangran Pugêr malih pangandikanipun | sagung pra punggawa | timbalane sri bupati | padha wèha gêgaman mring Surapatya ||

8. sasukane Surapati kang jinaluk | ya ta Surapatya | manêmbah aturira ris | botên sanès pukulun amung curiga ||

9. Pangran Sampang sigra amaringi dhuwung | dhapure sêmpana | [...] Pajajaran yêkti | abirawa santosa agêng apanjang ||

10. [...] tinampan mring Surapati ingunus | sarwi lon turira | [...]nge kang paring kêris | inggih sampun paring dhuwung kang [...]||

11. aparinga dhuwung alit ingkang dhapur | sa[...] |

--- 15 ---

[...]ding lan pasopati | tilam upih pintên gêng siyunge ula ||

12. ya ta wau sagunge para tumênggung | gya asung curiga | panuwune Surapati | ingkang titih Majapait tangguhira ||

13. sigra nêmbah bubar sing pugêran sampun | Dyan Dipati Anrang- | kusuma dalêm wus prapti | sigra ganjar mring abdi-abdi sadaya ||

14. prajurite kang sami prawirèng kewuh | pinaring rasukan | satêbah rendanirèki | lancingannya sadaya sangkêlat abang ||

15. panji-panji pinalisir renda pingul | cindhe jo bêntingnya | sami ngangge udhêng putih | kunêng duta ajidan lampahe prapta ||

16. anèng loji Japara lawan Tak pangguh | katur sadayanya | miwiti malah mêkasi | Kapitan Tak kalangkung sukaning driya ||

17. sigra budhal saking ing Japara jujug | anèng ing Sêmarang | Rôngga Sêmarang wus tampi | timbalannya sang prabu ing Kartasura ||

18. nèng Sêmarang Kapitan Tak sampun rawuh | kapanggih lan Rôngga | Yudanagara Sêmawis | sinugata Kapitan Tak sasukanya ||

19. kalih dalu nèng Sêmarang sigra laju | Rôngga ing Sêmarang | umiring rumêksèng margi | budhal sampun datan kawarna ing marga ||

20. sampun prapta nèng Bênêr rêrêb sadalu | nulya tur pariksa | wus katur sri narapati | yèn kapitan nèng Bênêr sawadyabala ||

21. angasokkên ingkang wadya saradhadhu | nulya tinimbalan | Sindurêja kang lumaris | wus akarya pakuwon nèng Toyadana | ||

--- 16 ---

22. yèn wis prapta Si Êtak undangên gupuh | Arya Sindurêja | pan sampun nampani wangsit | ngirid wadya têtiga mring Toyadana ||

23. ingkang karya Kapitan Tak pondhokipun | nulya Kapitan Tak | ngandika mantri kêkalih | kang lumampah dinuta nimbali Êtak ||

24. sigra budhal lan sawadya saradhadhu | kawarna sang nata | siniwi nèng pôncaniti | Ki Tumênggung Jangrana kang munggèng ngarsa ||

25. dhinawuhan kinèn angobonga gupuh | kidul kang paseban | sarta suraka prasami | ginumyahna Surapati ngrurah pura ||

26. ya ta wau Kapitan Tak lampahipun | praptèng Toyadana | sawadya tata alinggih | wus tabean lawan Arya Sindurêja ||

27. kumaroyok pra upsir tabean sampun | myang Kumpêni Islam | wusira tata alinggih | ya ta angling Kapitan Tak mring Sindurja ||

28. lampah kula dinuta tuwan gurnadur | nyêpêng Surapatya | gung dosane mring Kumpêni | lawan jendral atur tabe mring sang nata ||

29. lawan kintun baludru bang kuning biru | ijo wungu seta | Sindurêja anauri | inggih taksih ing mangke pun Surapatya ||

30. anèng nagri Kartasura nanging niku | datan angawula | dhumatêng sri narapati | ngabdi dhatêng Rahadèn Anrangkusuma ||

31. karsanipun Sang Nata Surapatyèku | arsa pinaringna | inggih dhumatêng Kumpêni | ingkang sarta bêbandan nanging punika ||

32. Radèn Anrangkusuma

--- 17 ---

kalangkung kukuh | sêdya barêng pêjah | mangke balela sang aji | sêdya mêngsah mring nata datan mundur[3] ||

3. Durma

1. ambelani dhumatêng pun Surapatya | inggih ing dintên benjing | enjing gêmpur pura | inggih ing Kartasura | paseban kidul binêsmi | yèn pun ainggal | Jêng Pangran Pugêr prapti ||

2. atêtulung sayêkti mangrurah pura | Êtak gêtun miyarsi | banting têpiyonya | cinokot brêngosira | Kapitan Tak asru angling | hèh ta ki arya | antinên benjing enjing ||

3. wus kagêgêm Surapati ing astèngwang | têlas dènnya prajanji | Arya Sindurêja | lajêng pamit mantuka | datan kawarna ing margi | kocap sang nata | nimbali pra bupati ||

4. ingkang rayi ingandikan sampun prapta | ngirid sagung bupati | punggawa pangarsa | malêbêt ing jro pura | aglar munggèng ngarsa aji | sagung punggawa | sang nata ngandika ris ||

5. hèh adhi mas ingsun jaluk rêmbugira | Pangran Pugêr wotsari | sumôngga sakarsa | kula dhèrèk kewala | punika pun Surapati | botên suminggah | pêjah gêsang angabdi ||

6. sri narendra alon dènnya angandika | yèn ta mangkono yayi | Dipati Mandura | lawan ing Surabaya | karo sun pasrahi kardi | ing benjang enjang | gusaha Surapati ||

7. dèn arame têmpuhira ing ayuda | wangsitên dèn abangkit | karya sandining prang | arsa udani ingwang | yudane Si

--- 18 ---

Surapati | kalawan Êtak | dunên lun-alun benjing ||

8. pra nayaka atur bêkti pan sandika | rampung dhawuh narpati | wau Surapatya | rampung atampi dhawah | manêmbah lèngsèr wus mijil | saking ngarsendra | tanapi radèn patih ||

9. tan winarna ing dalu wuwusên enjang | wus miyos sri bupati | munggèng sitibêntar | sagunge wadyakuswa | tanapi wong saragêni | wus munggèng ngarsa | angapit kanan kering ||

10. wong kanoman sumambung nèng wuri aglar | sami samêktèng jurit | jagabaya ngarsa | jajar wong nyangkragnyana | mandhungnyutra lawan miji | wong drêmahita | nèng ngarsa sikêp lêmbing ||

11. drêpanala kalawan wong anirbaya | tanapi judhipati | jajar mangundara | sandhing lawan kanoman | patrayuda kang nisihi | yudamanggala | asisih wong kapilih ||

12. kartayasa kalawan wong wisamarta | wong sanucitra sisih | lawan jayantaka | tan lali sikêpira | wong martalulut asisih | singanagara | nèng kanan kering aji ||

13. wong kêtanggung gandhèk lawan mantri mudha | munggèng ngarsa narpati | lan wong jagasura | miwah wisapracôndha | sasikêpira tan kari | kabayan ngarsa | gêdhong kang munggèng wuri ||

14. wus samêkta sabusananing ayuda | sagung pratiwèng jawi | andhèr pagêlaran | sampun sami sadhiya | ing alun-alun ngêbêki | ki arya ngucap | marang ing wong Kumpêni ||

15. kang ajaga anèng nagri Kartasura [Kartasu...]

--- 19 ---

[...ra] | yun gêcak Surapati | dene Sang Dipatya | Sampang lan Surabaya | pinarentahan prasami | wadya Madura | kalawan Surawèsthi ||

16. kinèn tata barisira anèng pasar | lan baris saking loji | pan loji punika | maksih jaro kewala | sagunge môncanagari | baris nèng Sêndhang | dene wadya pasisir ||

17. barisane anèng Warung Watu samya | kunêng gênti winarni | Sang Kapitan Êtak | lawan Arya Sindurja | utawi wadya Kumpêni | sadayanira | siji tan ana kari ||

18. budhal saking pêsanggrahan Toyadana | sagung wadya Kumpêni | gumuruh swaranya | Rahadèn Sindurê[4] | pan sampun utusan mangsit | Sang Adipatya | Madura Surawèsthi ||

19. sasampune dutanira Sindurêja | panggih dipati kalih | sigra Sang Dipatya | Sampang lan Surabaya | asru mujar mring Kumpêni | tuwan manira | arsa gêcaka nuli ||

20. iya marang Nrangkusuma nanging sira | barisa pôncaniti | rumêksa sang nata | Kumpêni gya siyaga | sakêpraboning ajurit | samana budhal | lawan dipati kalih ||

21. kalih atus Kumpêni ing Kartasura | ngalun-alun wus prapti | abaris mêlatar | ya ta ingkang winarna | wadya Sampang Surawèsthi | laju lampahnya | gumêr têngara muni ||

22. pan anglarug marang ing anrangkusuman | sawetan Ngasêm nênggih | wadya ing Madura | tanapi Surabaya | ing lurung gêng sampun prapti | ramening

--- 20 ---

surak | barung kalawan bêdhil ||

23. Surapati wau ingkang kawarnaa | tanapi radèn patih | pan sampun siyaga | sagamaning ayuda | mulat yèn wong Sampang prapti | budhal sadaya | Rahadèn Surapati ||

24. wadyanira golong tiyang kawan dasa | tanapi radèn patih | saha wadyanira | mangalèr lampahira | wong Surabaya nututi | lan wong Madura | prasami ambêdhili ||

25. ya ta sèwu sanjata kang sarêng munya | barung lan surak atri | nglarug lir prawata | jêngkar obat kewala | tan ana kang mawi mimis | ingkang timbalan | nênggih sri narapati ||

26. kawarnaa Kapitan Tak lampahira | kagyat miyarsa bêdhil | Arya Sindurêja | asru pamuwusira | layak ika Surapati | kinrubut ing prang | Kapitan Tak sru angling ||

27. lah anêdha Ki Sindurêja dèn inggal | kula arsa apanggih | lawan Surapatya | Arya Sindurja mujar | tuwan manira pan ajrih | marang sang nata | yèn tuwan prang nèng margi ||

28. apan ingkang pangandika sri narendra | paseban pôncaniti | wadya Kartasura | pan inggih maksih kathah | kang bêbujung Surapati | dèrèng kasoran | sampun age nulungi ||

29. ya ta wontên dutane Dipati Sampang | lawan Sindurja panggih | utusan turira | kawula pan dinuta | rakanta sang adipati | atur uninga | kalamun Surapati ||

30. dèn bêbujung mangalèr gepak [gepa...]

--- 21 ---

[...k] mangetan | paduka dèn aturi | nuntên dipun inggal | lawan Kapitan Êtak | manawi pun Surapati | ngidul parannya | anggêpuk pura wuri ||

4. Pangkur

1. jêngandika abarisa | ngalun-alun rakanta langkung watir | Kapitan Tak Sindurjèku | ginêlak lampahira | gumêr gumrah sampun prapta ngalun-alun | Kumpêni kumpul mêlatar | gamêng lir mêndhung nèng langit ||

2. sampun sami sinêgahan | dêgan ênèm kang sampun langkung cêngkir | kumpule Kumpêni sèwu | Kapitan Tak ngandikan | mring sitinggil prapta atabean sampun | kalawan sri naranata | ngaturkên sagung pakirim ||

3. kang saking gurnadur jendral | wus tinampan mring kangjêng sri bupati | Kapitan Tak malih matur | dhatêng sri naranata | ulun kinèn ing eyang tuwan gurnadur | amikut sun Surapatya | wontên nagri Kartawani ||

4. lilah dalêm sri narendra | angandika wau jêng sri bupati | dipun pracaya sirèku | Si Surapati bôngga | marang ingsun lan marang Kumpêni iku | kabèh wong sun Kartasura | padha ingsun kon ngrewangi ||

5. ya marang ing yudanira | wong Madura Surabaya prasami | ingong purih ambêbujung | marang ing Surapatya | nanging sira têtêpa barisanamu | nadyan maguta ayuda | aja doh kalawan mami ||

6. manawa ta akasoran | wong ing Sampang kalawan Surawèsthi | Surapati têmah gêpuk | marang sajroning [sajro...]

--- 22 ---

[...ning] pura | Kapitan Tak sarêng ngrungu sabdanipun | timbalannya sri narendra | langkung suka ingkang galih ||

7. sarwi asru aturira | dhuh gustiku sampun sungkawèng galih | lamun maksih gêsang ulun | inggih pun Surapatya | maksih gêsang aprasasat sampun lampus | wus kagêgêm asta kula | nyawane pun Surapati ||

8. saèstu kawula ajar | ulun damêl pangewan-ewan pati | latah ngêntrog wêntisipun | tumurun Kapitan Tak | sing sitinggil anindhihi barisipun | Adipati Sindurêja | saksana sigra anuding ||

9. marang ing Dipati Sampang | Surabaya mangsit Êtak wus prapti | baris anèng alun-alun | wau kang kawarnaa | Surapati dèn bêdhili dèn bêbujung | ing kali Pepe wus prapta | anggepak mangetan malih ||

10. turut lèpèn Pepe nulya | binabujung sarwi dipun bêdhili | Surapati gepak ngidul | lawan rahadèn patya | praptèng Sêndhang anêrajang barisipun | wadya ing môncanagara | tinrajang mawut angisis ||

11. ya ta wontên wong Madura | lêlurahe kang wadya saragêni | Konangpasir wastanipun | akaku manahira | Konangpasir angucap ing rowangipun | akêsêl pêrang sadina | bilulungan tanpa asil ||

12. ya payo padha jinajal | dèn isèni bêdhilmu nganggo mimis | Surapati baturipun | sawiji ingkang kêna | wêntisira aniba tumulya lampus | Surapati

--- 23 ---

asru ngucap | wong Madura luwih juti ||

13. lali dhawuhe sang nata | sigra wangsul wau Ki Surapati | tinrajang wong Sampang mlayu | Surapati tut wuntat | wong ing Sampang wontên kacandhak têtêlu | tinumbakan wong Madura | wong têtiga nandhang kanin ||

14. katur pangran sukèng driya | ngandika mring Dipati Surawèsthi | kaparêng pratôndha antuk | tyang kula kanin tiga | wus winangsit Surapati duk ing wau | tinuntun wadya Madura | tuwin wadya Surawèsthi ||

15. mlayu ngilèn sinurakan | mring wadyane Rahadèn Surapati | Nrangkusuma anèng pungkur | amomong Surapatya | kawarnaa wong Sampang ingkang lumayu | ing alun-alun wus prapta | gègèr baris pôncaniti ||

16. ya ta Arya Sindurêja | ingkang momong dhatêng wadya Kumpêni | asru dènira amuwus | dhatêng Kapitan Êtak | paran karsa wadya Madura kaplayu | ingkang nandhang kanin kathah | miwah wadya Surawèsthi ||

17. tan pisan môngga puliha | kang lumayu mikul wong nandhang kanin | langkung ngarsa barisipun | Kapitan Tak duk mulat | sru bramatya sigra printah mukul tambur | rolas sarêng dènnya munya | ya ta Radèn Surapati ||

18. wadya Sampang Surabaya | sampun prapta ngalun-alun prasami | malêdug mawur lumayu | ngungsi saparan-paran | wênèh ngungsi marang pura ya ta wau | gêdhong pasowan binakar | Surapati sampun prapti ||

19. pagongan [pa...]

--- 24 ---

[...gongan] tata alênggah | tarap andhèr wadyane Surapati | angaringkên napasipun | sang nata lan ri tiga | pra prajurit sadaya nèng sitiluhur | ya ta wadya kasindurjan | bêdhili mring Surapati ||

20. nulya ngadêg Surapatya | wong Sindurjan lumayu bubar ngisis | Kapitan Tak asru bêndu | sigra ngabani bala | lêlumbungan Kumpêni dènira maju | orêg wadya sanagara | Kumpêni awas ningali ||

21. mring wadyane Surapatya | sigra bêdhil lir gugrag ingkang wukir | Surapati wadyanipun | sami dhêdhêp kewala | pangêdrèle Kumpêni awantu-wantu | lir pêdhut kukus sêndawa | ya ta Radèn Surapati ||

22. ngabani wadya umangsah | sigra nêmpuh angamuk Surapati | yudanira ulêng caruk | bêdhilira tan kêndhat | Surapati kadi banthèng nandhang tatu | sawadya wong kawan dasa | numbak mêdhang ka[5] ngakahi ||

23. Kumpêni kathah kang pêjah | datan kêndhat ing wuri ambêdhili | Êtak sakalangkung bêndu | banting topiyonira | ulat andik anaut bêbrengosipun | sigra ngangsahakên bala | ingkang cinaritèng warti ||

24. pangangge cara Walônda | topiyone makutha binuka sri | grudha marêp grudha mungkur | ting-anting bêlah jaja | kadi Arya Kumbakarna yèn dinulu | kalangkung ramening aprang | tambur wor salomprèt muni ||

25. Surapati ngrasa sayah | sarowange anèng pagongan linggih | pan sami ngulari banyu | ya ta wontên [wo...]

--- 25 ---

[...ntên] timbalan | lah ta nêdha Surapati sampun mundur | inggih sampun kalayatan | sandika Ki Surapati ||

26. kang abdi aso sakêdhap | sigra mangsah Rahadèn Surapati | tinadhahan kinarutug | sanjata Surapatya | sarowange manêngah dènira ngamuk | sampun sami sèlèh watang | caruk ngamuk lawan kêris ||

27. wus wuru pangamukira | wau sira Rahadèn Surapati | mangsah lan curiga caruk | Kumpêni kathah pêjah | datan ngidak lêmah dènira angamuk | nênggih angidak bêbathang | wau Radèn Surapati ||

28. kang dèn incih mung kapitan | pan kasangsang kinarutug ing mimis | wolulas kang punang dhuwung | Rahadèn Surapatya | sabên-sabên sampun angsal ingkang dhuwung | marjaya tiyang sadasa | gantya nyandhak dhuwung malih ||

29. dhuwunge lajêng binucal | wong Kumpêni sinêrang kathah mati | binêdhil miwah sinangkuh | Surapati tan pasah | anglir panjang putra sinosog ron waluh | tan môntra-môntra tumama | galasah bangke Kumpêni ||

30. sadangunira mangkana | Kapitan Tak tandangnya mobat-mabit | ngabani Kumpêninipun | wontên litnan satunggal | aprakosa ngagêm kêre waja surung | Bètêrwèl pêparabira | tan sêdya mundur ngajurit ||

5. Durma

1. mangsah rana kapranggul sami satunggal | kalawan Bun Jêladri | sigra ngikal pêdhang | Bun Jêladri pinêdhang | datan pasah Bun jêladri | lir ginitik [giniti...]

--- 26 ---

[...k] mrang | Bun Jêladri narik kris ||

2. pan sinuduk litnan jajane tan pasah | kumêmprang kêrenèki | pinindho tan pasah | malês gêbug sanjata | Bun Jêladri angingêri | gêgithokira | cinandhak saking wuri ||

3. pan kalumah Bètêrwèl wus kinakahan | ginorok wus ngêmasi | rame kang ayuda | arukêt lêng-ulêngan | caruk pêdhang lawan kêris | bêdhil wus pêjah | gêbug-ginêbug bêdhil ||

4. Surapati ulêng lan Kapitan Britman | sinuduk wanti-wanti | tibèng kêre waja | tan pasah malês mêdhang | nora pasah Surapati | gêlut kewala | udrêg banting-binanting ||

5. Surapati cinokot gulu iringnya | ginêbêg kadya anjing | Surapati gila | apan arsa lumajar | sêdhih dene ilêrnèki | emut wantehan | Rahadèn Surapati ||

6. patrêm tapak kinandhut anèng saruwal | ginagap wus kapanggih | gya Kapitan Britman | ginoco gulunira | pasah sampun angêmasi | ondêr upsirnya | kumrubut anulungi ||

7. wadyanira Surapati kathah prapta | lajêng campuh ing jurit | Bugis lan Makasar | mulat mungsuh prawira | agiris sajroning ati | Prabu Mangkurat | suka dènnya ningali ||

8. Êtak mulat Kapitan Britman palastra | bramatya tan sinipi | angabani bala | sasisane kang pêjah | Kumpêni atata malih | sarêng umangsah | sawadyanira ngukih ||

9. munggèng ngarsa angamuk Kapitan Êtak [Êta...]

--- 27 ---

[...k] | sagung wadya Kumpêni | kabèh sarêng mangsah | Surapati apanggah | tanapi rahadèn patih | sarêng umangsah | kapitan mobat-mabit ||

10. Kapitan Tak sinosog watang tan pasah | kasangsang kêre wêsi | Radèn Surapatya | mangsah nglancangi wadya | Êtak dipun parêpêki | ginoco sigra | jajane wanti-wanti ||

11. datan pasah curiga malik pucuknya | dhuwung binucal aglis | Radèn Surapatya | kêbat salin curiga | sinuduk mring Surapati | Kapitan Êtak | wulune datan gigrig ||

12. pan katulak curiga nèng kêre waja | upas rolas nulya glis | ngêdrèl saking kanan | gumrudug bêdhil munya | ya ta Radèn Surapati | sarewangira | sayah dènira jurit ||

13. nèng pagongan atarap dènira lênggah | Wêlônda ambêdhili | saking ing kadohan | tan wontên purun nyêlak | ya ta Radèn Surapati | dyan dhinawuhan | timbalan sang narpati ||

14. Surapati nêdha sampun kêlayatan | dinukan ing sang aji | alon aturira | inggih dhatêng sandika | kenginga aso rumiyin | pan dèrèng wêgah | manahe ingkang abdi ||

15. inggih rencang punika wontên kabranan | pan arsa nginum warih | manah sangêt wêlas | dhatêng kang nandhang brana | wong gandhèk wangsul tumuli | prapta ing ngarsa- | nira sri narapati ||

16. sampun katur sadaya dhatêng sang nata | ature Surapati | ing

--- 28 ---

purwa wusana | mèsêm sri naranata | ngandika dhatêng kang rayi | hèh adhi êmas | wus sayah Surapati ||

17. tuwan ana adhi mas payo dèn inggal | manawa ngapirani | sigra jêng pangeran | manêmbah ngaras pada | têdhak saking ing sitinggil | mring pagêlaran | panggih lawan kang abdi ||

18. mung wolulas ingkang dasih kathahira | sami wadya pinilih | kang dhèrèk jêng pangran | kinèn salin busana | kadya wonge Surapati | miwah jêng pangran | kang busana wus salin ||

19. pan amindha Surapati wadyanira | sawusnya sami salin | wau jêng pangeran | mingêr ngalèr lampahnya | mangalèr anjog ing masjid | tiyang wolulas | tan pisah lawan gusti ||

20. nulya mêdal saking masjid amangetan | ngalun-alun wus prapti | kagyat Surapatya | awas dènira mulat | yèn Pangran Pugêr nulungi | sigra umangsah | wadyanya rêbut dhingin ||

21. Surapati angantêp pangamukira | tanapi radèn patih | wong Kumpêni tadhah | ya ta kangjêng pangeran | saha wadya marêpêki | mangambul yuda | awor lan Surapati ||

22. jêng pangeran prapta ngarsanira Êtak | dyan kinarutug bêdhil | pangran tan suminggah | sarwi angêmbat watang | Kyai Palèrèd pinusthi | kangjêng pangeran | sigra dènnya nglarihi ||

23. Kapitan Tak kêrenira lapis tiga | tatas tanpa ngundhili | jaja nrus walikat | niba

--- 29 ---

Kapitan Êtak | tan nganggo anjaluk warih | sampun palastra | wadyanya Surapati ||

24. barêng ngamuk lawan wadya kapugêran | miwah wadya dyan patih | sami ngamuk rampak | lir banthèng tawan brana | anumbak dhatêng Kumpêni | sami bêk pêjah | Kumpêni ambêdhili ||

25. têtumpêsan Kumpêni pating gulimpang | panggah ka maksih urip | sami ambêk pêjah | ngamuk wong kapugêran | miwah Radèn Surapati | Kumpêni pêjah | wangke susun atindhih ||

26. wong Kumpêni winatawis ingkang gêsa[6] | salawe lan wong Bugis | sumyur wus lumajar | Rahadèn Sindurêja | Kumpêni dipun tulungi | sami ngusungan | binêkta marang loji ||

27. Surapati lan rewangnya kawan dasa | pan kadi wong angimpi | ya ta sri narendra | kang lênggah sitibêntar | suka angandika aris | tuhu prawira | iya Si Surapati ||

28. timbalana lah yayi mas dipun inggal | lawan Si Surapati | myang Anrangkusuma | gandhèk tur sêmbah mentar | tumurun saking sitinggil | wus tinimbalan | katiga sami kerid ||

29. sampun prapta ing ngarsane sri narendra | sarêng manêmbah katri | bagea yayi mas | kang mêntas mangun yuda | nuhun ature ri aji | nata ngandika | nêmên gonira jurit ||

30. ari nêmbah kadospundi tan nêmêna | yêkti jrih ngandika ji | wit timbalan tuwan | nata mèsêm ngandika | ya ingsun tarima yayi | prasêtyanira [prasê...]

--- 30 ---

[...tyanira] | maring sun luwih manis ||

6. Dhandhanggula

1. nyata tuhu ya Si Surapati | mantêp sêtya prawira ayuda | nulya pinatêdhan age | manggis dhuku kapundhung | myang samôngka lan jêram lêgi | saksana gya dhinahar | ngandika sang prabu | Surapati ingsun ganjar | ingsun junjung lungguhmu dadi bupati | ana ing Pasuruan ||

2. lawan ingsun paringi wêwangi | rana Tumênggung Wiranagara | lan Si Anrangkusumane | ya mèlua sirèku | mring Tumênggung Wiranagari | nanging ta wêkas ingwang | karone sirèku | iya padha dèn abisa | kang sun duta amburu lakunirèki | Cakraningrat Jangrana ||

3. radèn kalih sarêng awotsari | sigra jêngkar saking sitibêntar | sang nata kondur ngadhaton | kunêng wau winuwus | Nrangkusuma Wiranagari | sawadyabalanira | lampahira laju | budhal saking Kartasura | amangetan wong Madura Surawèsthi | bêbujung lampahira ||

4. pan gumuruh ing samargi-margi | binêdhilan mung obat kewala | sampun alaju lampahe | kunêng ta kang winuwus | wong Kumpêni kang maksih urip | mung kantun kawan dasa | nèng loji gènipun | dalu lajêng sami minggat | ingkang urip wong Makasar lawan Bugis | nusup-nusup ing desa ||

5. anèng desa sami dèn patèni | mring wong desa pan pêjah sadaya | kunêng kawarnaa manèh | ingkang dipun bêbujung | Ki Tumênggung Wiranagari | lan Radèn Nrangkusuma | samarga puniku | ngobongi

--- 31 ---

wisma wong desa | ingkang bujung wadya Sampang Surawèsthi | wus lêpas lampahira ||

6. sampun nabrang ing kali Sêmanggi | anèng tunggon kèndêl sawadyanya | amung sêdalu enjinge | budhal lampahnya laju | ingkang bujung prasami bali | wong Sampang Surabaya | Kartasura rawuh | lajêng sami masanggrahan | kawarnaa wau kangjêng sri bupati | Susuhunan Mangkurat ||

7. dina Soma miyosi siniwi | andhèr sagung ingkang wadyabala | pra prajurit pêpak kabèh | sagung wadyakuswa nung | saragêni munggèng ing ngarsi | kanoman anèng wuntat | jagabaya ngayun | nyangkragnyana mandhungnyutra | drêmahita nèng ngarsa kalawan miji | sami asikêp tumbak ||

8. drêpanala nirbaya jajari | judhipati jajar mangundara | kanoman patrayudane | yudamênggala wau | sisih lawan wadya kapilih | kartayasa kalawan | wong wisamartèku | wong sanucitra kalawan | jayantaka martalulut sisihnèki | lan wong singanagara ||

9. pagenannya[7] munggèng kanan kèri | wong kêtanggung gandhèk mantri mudha | munggèng ngarsane sang katong | lan wong jagasurèku | wadya wisapracôndha sisih | kêbayan munggèng ngarsa | gêdhong anèng pungkur | sasikêpira ngayuda | upacara banyakdhalang sawunggaling | kidang arda walika ||

10. munggèng kanan pan ragi kawuri | Pangran Pugêr parêk lawan dhampar | pra dipati pêpak kabèh | myang Arya Sindurjèku | Ki

--- 32 ---

Urawan jajarirèki | Tumênggung Wiradigda | Mangkuyuda ngayun | Ki Tinaro Suranata | Mangunonêng Dipati ing Surawèsthi | jajar Pangeran Sampang ||

11. kathah lamun cinatur ing tulis | pra dipati nagri Kartasura | Pangran Sampang lon ature | pukulun sang aprabu | abdi dalêm pun Surapati | sampun lajêng mangetan | inggih lampahipun | tan pisah lan radèn patya | ulun wangsul wontên ing kali Sêmanggi | lan wadya Surabaya ||

12. angandika wau sri bupati | hèh adhi mas Pugêr paran mangkya | Anrangkusuma lungane | sapa ta patutipun | iya ingkang gumanti patih | Pangran Pugêr manêmbah | alon aturipun | pukulun sri naranata | bokmanawi pinujwèng karsa sang aji | pun Arya Sindurêja ||

13. inggih ingkang gumantosa patih | sri narendra alon angandika | padha èstrènana kabèh | wadyaningsun sadarum | Si Sindurja sun jungjung linggih | dadia patih ingwang | gumantia iku | luguhe[8] Anrangkusuma | saur pêksi sagunge wadya narpati | sami mangayubagya ||

14. sri narendra angandika malih | kabèh wadyaningsun Kartasura | padha èstrènana kabèh | samêngko ariningsun | Dèn Mas Tapa sun jungjung linggih | ingsun angkat pangeran | ya Arya Mêntarum | limang èwu lungguhira | lan Si Arya Panular sun jungnjung[9] linggih | bumi sèwu bawahna ||

15. saur

--- 33 ---

pêksi sagung pra dipati | Pangran Pugêr umiring karsendra | ing karsanira sa[10] rajèng | ya ta jêngkar sang prabu | kawanaa[11] Dyan Surapati | samana sampun prapta | lampahira wau | anèng nagri Pasuruan | lajêng tata dalêm anêlukkên singgih | dhatêng wong ing bang wetan ||

16. wadya ing bang wetan sadayèki | sami suyud marang Surapatya | tan ana nanggulang ing rèh | wus kathah wadyanipun | pan amacak karya prajurit | bêktan saking Jakata[12] | wus sinungan lungguh | pinacak rerehanira | wong sawiji ngêrèhkên satus prajurit | tintrim tanah bang wetan ||

17. karya kutha pinacak bupati | aran Tumênggung Wiranagara | kathah wadyane têtukon | wong Bali tukonipun | apan lajêng kinarya sami | prajurit wus pinatah | pangagênge laku | kunêng Radèn Surapatya | kawuwusa Kumpêni kang kasor jurit | lumayu mring Japara ||

18. lajêng marêk lumêbèng ing loji | panggih lawan kumêndur Japara | ya ta alon ing ature | kula ngaturi wêruh | Êtak mangke sampun ngêmasi | sawadya têtumpêsan | aprang lan Ki Untung | wontên nagri Kartasura | ngalun-alun dènira têmpuh ing jurit | Untung tuhu prawira ||

19. kinarutug bêcik tan gumingsir | wadya tuwan Kumpêni sadaya | têlas litnan kapitane | miwah Kumpêninipun | Kartasura tan wontên kari | sampun katur sadaya | sarèhirèng laku | ing purwa madya wusana | duk miyarsa

--- 34 ---

kumêndur sungkawèng galih | dene pêjahe Êtak ||

20. bingung ing tyas kuwur ingkang pikir | tanpa nalar saking susahira | tansah dènnya gèdhèg-gèdhèg | kêkês manah sru takut | mung kuwatir ingkang pinikir | pikire awor susah | alon dènnya muwus | dhumatêng ing rowangira | kayaparan mungguhing pikirirèki | rewangnya lon angucap ||

21. iya bêcik ngaturana uning | mring gurnadur nagri Batawiah | Kumêndur Sêlut nulya ge | lajêng mundhut pêrau | kopral siji wus sinung tulis | lajêng numpak baita | daut jangkaripun | babar layar nèng samodra | angin kêras datan kawarna ing margi | wus prapta ing Jakarta ||

22. sigra mêntas lumêbèng ing loji | lan gurnadur sampun apêpanggya | angaturakên surate | tinampan binuka wus | sinukmèng tyas kagyat tan sipi | nimbali ratni rolas | munggèng kantor agung | sêrat kang saking Japara | sinungakên amanukma gênti-gênti | sadaya ngungun ing tyas ||

23. ya ta matur sagunge pra ratni | gih prayogi mangke binantonan | gurnadur lon ngandikane | sapa ingkang lumaku | pun Kumêndur Sêlut prayogi | Driyansah lumakua | alajênga tugur | wontên nagari Japara | dhinawuhan sarta binêktan Kumpêni | kawan atus kèhira ||

24. sampun layar saking ing Batawi | tan winarna wau lampahira | anèng Japara praptane | baita sampun labuh | lajêng mêntas sagung Kumpêni | ing

--- 35 ---

loji sampun prapta | lan kumêndhan pangguh | sampun winartan sadaya | barang ing rèh kunêng malih kang winarni | bupati ing Japara ||

25. Janapura lan Rôngga Sêmawis | wus utusan marang Kartasura | atur uninga sang katong | mangke Kumêndur Sêlut | Indriyansah ngirid Kumpêni | kathah prapta Japara | pacak baris tugur | sampun katur sri narendra | ya ta wau sang nata lajêng nimbali | mring sagung pra punggawa ||

26. angandika kangjêng sri bupati | kayaparan mêngko budinira | Kumpêni kang prapta kuwe | nèng Japara kêkuwu | ya ta matur para bupati | gusti lamun sambada | pinêrêp ing ripu | Kumpêni kang nèng Japara | inggih mangke mumpung kathah ingkang prapti | Kumpêni nèng Japara ||

27. abdi dalêm gih pun Surapati | ingangsahkên dhingin mêdal Dêmak | gih kadospundi patrape | pangran dipati bêkuh | sri narendra datan marêngi | wontên mantri kaparak | lurah gandhèk iku | awasta Ki Jawaraga | ulun sagah angêndhêkakên Kumpêni | mêkak kang nèng Japara ||

28. Jiwaraga anulya winangsit | wus kaduga sigra kinèn mangkat | bêkta sêrat pakintune | bêras pari lan wêdhus | susuh mrica lan bèbèk pitik | kumêndur kawarnaa | susah manahipun | amirangrong ing wardaya | sun têtêdha muga ta sri narapati | ngukupa mring Walônda ||

29. yèn tan arsa ngukup mring Kumpêni | yêkti lunga saking ing Japara | mulih marang nagarane | kunêng ingkang

--- 36 ---

winuwus | Jiwaraga lampahe prapti | punang sêrat tinampan | lan paring pakintun | kumêndur marwata suta | tinumpiksa têmbunge kang punang tulis | hèh Kumêndur Driyansah ||

30. Êtak mati prang lan Surapati | anèng alun-alun Kartasura | Si Untung ing samêngkone | ingsun buru lumayu | mring bang wetan apacak baris | ana ing Pasuruan | hèh sira kumêndu[13] | maringa ing Kartasura | ambanjêla mring Untung ingsun rewangi | mangsah asmaradana ||

7. Asmaradana

1. anyêkêl Si Surapati | Kumêndu Sêlut Driyansah | sêksana lingira alon | atur kula mring sang nata | inggih dhatêng sandika | nanging ing samangke ulun | nyuwun sumêne kawula ||

2. angantos caraka mami | ingkang dhatêng Batawiah | sumôngsa prapta wiyose | kula yêkti inggal sowan | dhumatêng sri narendra | sang nata paring pakintun | anuwun kalinggamurda ||

3. kula tan sagêd mangsuli | sihipun sri naranata | kang rumêntah jasad ingong | Jiwaraga wus kalilan | mantuk mring Kartasura | ya ta pinisalin sampun | sinung arta myang busana ||

4. Kumêndur Sêlut pêparing | dhumatêng Ki Jiwaraga | pêsangon ringgit salawe | atur-atur mring sang nata | kêkalih warna kuda | ajidan kalih ingutus | ngaturakên pakintunnya ||

5. sangkêlat lan kêling-kêling | dene ingkang warna kuda | kêkalih bangsane [bang...]

--- 37 ---

[...sane] kore | lawan kalih tèrjinira[14] | prasami pêpilihan | gêntia malih winuwus | Tumênggung Sujanapura ||

6. Japara mangke ngêmasi | awit sakit pêjahira | sampun katur ing sang katong | sang nata sangêt ngungunnya | ya ta kang kawarnaa | Jiwaraga lampahipun | sampun prapta Kartasura ||

7. sampun tumamèng ngarsa ji | sadaya katur sang nata | Kumêndur Sêlut ature | ing purwa madya wusana | inggih ta pun Driyansah | punika atur pakintun | kunjuk arsa padukendra ||

8. ajidan ingkang tinuding | sang nata alon ngandika | timbalana ngarsaningong | ajidan marêk ngarsendra | ngêmpit tapiyonira | sakalangkung urmatipun | pukulun sri naranata ||

9. kawula gusti tinuding | dhumatêng inggih Driyansah | abdi paduka sang katong | kumêndur ka nèng Japara | atur-atur sang nata | nyaosakên kang pakintun | kuda kore dwi kathahnya ||

10. ingkang kalih kuda tèji | busana kêling sangkêlat | punika gusti angsale | saking nagri Batawiah | lawan abdi narendra | nyaosakên tabenipun | sang nata alon ngandika ||

11. ya bangêt tarima kasih | nulya pinaring busana | sarta lawan pêsangone | sèkêt ringgit arta pêthak | ajidan gya pamitan | lèngsèr saking ngarsa prabu | lajêng prapta ing Japara ||

12. lawan kumêndur wus panggih | wus katur sadayanira | kumêndur langkung sukane | kunêng mangke kawarnaa [kawar...]

--- 38 ---

[...naa] | Sang Nata Kartasura | nimbali Sindurêjèku | lawan sagung pra punggawa ||

13. atanapi ingkang rayi | Pangeran Pugêr wus prapta | sami munggèng ngarsa katong | sang nata alon ngandika | yayi mas lan Sindurja | tuwin pra punggawaningsun | padha sira èstrènana ||

14. Si Jiwaraga saiki | ingsun junjung linggihira | dadi tumênggung linggihe | anèng nagara Japara | lan sun paringi aran | Ki Martapura Tumênggung | bupati nagri Japara ||

15. sadaya sami ngèstrèni | timbalannya sri narendra | dèn abêcik-bêcik kowe | ngrêtèni marang Driyansah | iku Rôngga Sêmarang | karèha marang sirèku | sandika Ki Martapura ||

16. lèngsèr saking ngarsa aji | adandan sigra lumampah | sampun prapta Japarane | lajêng mring loji kapanggya | lan Kumêndur Driyansah | tabean tata alungguh | Martapura lon dêlingnya ||

17. ing mangke ngandika aji | kula kinèn suka pisa[15] | dhatêng andika wiyose | yèn samangke badan kula | tinanêm nèng Japara | lawan sinungan jêjuluk | Ki Tumênggung Martapura ||

18. mring tuwan kinèn ngêmongi | Kumêndur Sêlut miyarsa | sakalangkung suka tyase | Ki Tumênggung Martapura | lajêng sinuba-suba | anèng loji mangan nginum | wusing rampung dènnya pista ||

19. anulya pamitan mulih | Ki Tumênggung Martapura | marang malêm kabupatèn | sampun prapta dalêmira | gya milih wong Japara [Ja...]

--- 39 ---

[...para] | bujang papat kathahipun | ingugung pan kinasihan ||

20. mangkana alami-lami | Ki Tumênggung Martapura | langkung mukti wibawane | anèng kutha ing Japara | asugih wadyabala | saking wangsite sang prabu | milane Ki Martapura ||

21. apan wus kadi narpati | kumêndur amênggah-mênggah | kaungkulan piangkuhe | anganggo sawênang-wênang | ya ta wau kawarna | wontên Lônda saradhadhu | kuliling kathahnya tiga ||

22. asune amburu pitik | cinokot ayame pêjah | sigra cinêkêl Landane | katur Kyai Martapura | cinêkêl Landanira | cinukur mrapat dhasipun | rainira cinorengan ||

23. angus ênjêt lawan kunir | apan sarwi ginêbugan | lawan binônda tangane | dene wadyanira Jawa | wau Lônda têtiga | dipun uculakên sampun | tangannya maksih bêbandan ||

24. gya mantuk malêbèng loji | Kumêndur Sêlut tumingal | sakalangkung ing dukane | ya ta lajêng karya surat | kunjuk sri naranata | ajidan dinuta sampun | dhumatêng ing Kartasura ||

25. datan kawarna ing margi | sampun prapta Kartasura | lajêng umarêk sang katong | ngaturakên kang nawala | kunjuk gya tinumpiksa | kawula Kumêndur Sêlut | Driyansah loji Japara ||

26. unjuk tabe ulun gusti | sadayaning kaurmatan | sumaos pada sang katong | Sri Narendra Kartasura | kang mêngku nungsa Jawa | ulun [ulu...]

--- 40 ---

[...n] unjuk wrin sang prabu | abdi paduka narendra ||

27. pun Martapura samangkin | anggêpnya sawênang-wênang | asangêt nganiayane | dhumatêng dasih Walônda | yèn sang prabu marêngna | ulun suwun pêjahipun | pun Tumênggung Martapura ||

28. sang nata ngartikèng galih | wusana alon ngandika | ajidan muliha age | sampun ingangsulan sêrat | sarta pisangonira | busana pinaring sampun | ajidan sêksana mentar ||

29. kawarnaa sri bupati | ingkang rayi tinimbalan | lawan Arya Sindurjane | pra pangeran myang punggawa | wus prapta ngarsa nata | angandika sang aprabu | yayi mas karsa manira ||

30. Si Sindurja ingsun tuding | lan Pangran Natakusuma | Si Mangunonêng kanthine | pituwin Si Suranata | Binarong amèlua | sagêgamane prang pupuh | sinome aja kawêntar ||

8. Sinom

1. ngantêpa Si Martapura | yèn uga dhèwèke wani | iya marang ing Walônda | kabèh ambantua sami | Pangran Pugêr mèstuti | samana wau sang prabu | dhawuh karya nawala | marang Martapura dadi | sinungakên caraka praptèng Japara ||

2. lajêng panggih Martapura | surat tinêdhakkên aglis | binuka sinukmèng driya | pèngêt iki layang mami | kangjêng sri narapati | dhawuha marang sirèku | Tumênggung Martapura | Japara wruhanirèki | sira iku jinaluk ing patinira ||

3. iya marang ing Walônda |

--- 41 ---

nanging ta yèn sira wani | angamuk marang Walônda | ana sajêroning loji | sirèku ngong idini | paring kanthi jênêng ingsun | Pangran Natakusuma | lawan Sandurêja[16] Patih | Mangunonêng Binarong lan Suranata ||

4. Martapura duk tumingal | nawala timbalan aji | garjita ngadêg suranya | gya mêpak wadyanirèki | ingkang sami ginangsing | wadya ing Japara sèwu | samêkta gamanira | kasaru wau kang prapti | Pangran Natakusuma lan Sindurêja ||

5. kalawan bupati tiga | lajêng lumêbêt ing loji | panggih Kumêndur Driyansah | lajêng têtabean sami | pinaringkên kang tulis | pitêdhanira sang prabu | binuka sinukmèng tyas | kadriya têmbunge tulis | sakalangkung kumêndur sukaning driya ||

6. angandika Sindurêja | tuwan mangke anèng loji | Martapura ginêmbonga | janèwêr kênit branduwin | kula ingkang nglunasi | Si Martapura ing besuk | kumêndur sru karênan | myarsa dhawuhe dyan patih | nanging batin kumêndur sangêt prayitna ||

7. Kumpêni winangsit samya | wus sinugata duta ji | lajêng pamit mêsanggrahan | kunêng kawurcitèng ratri | Dyan Arya Sindurjèki | Pangran Natakusumèku | Binarong Suranata | Mangunonêng sami linggih | Martapura tinimbalan dhêdhêmitan ||

8. ngandika Arya Sindurja | paran sira benjing enjing | apa ta sira wania | angamuk ana ing loji | timbalane sang aji | lamun [la...]

--- 42 ---

[...mun] sira wani ngamuk | nèng loji mring Walônda | kabèh kancaningsun iki | kinèn bela anglabuhi karyanira ||

9. umatur Ki Martapura | sampun siyang nadyan ratri | amêngsah lawan Walônda | saèstu kula tan ajrih | panggiha wontên pundi | lah wis muliha sirèku | nulia sêdhiyaa | Martapura nêmbah amit | ingkang wuri lajêng sami pirêmbagan ||

10. Pangeran Natakusuma | mèsêm sarwi muwus aris | kêris ingsun Si Gupita | pan uwis pacangannèki | lawan kumêndur benjing | utawi kapitanipun | ngling Arya Sindurêja | nêdha dintên benjing enjing | angijèni kapitan lan litnanira ||

11. kunêng dalu kawuwusa | ya ta kawarnaa enjing | Sindurja sakancanira | sampun sêdhiya nèng loji | prasami lênggah kursi | sasolahira sinamun | barisira sadaya | atarap jawining loji | ya ta matur kumêndur mring Sindurêja ||

12. tuwan dene langkung kathah | paduka ambêkta baris | angling Arya Sindurêja | sampun ngantos nêniwasi | Si Martapura sêkti | sarta kathah wadyanipun | gangsingane Japara | kumêndur gumuyu angling | timbalana inggih ta pun Martapura ||

13. litnan kawula kewala | inggih radèn angrampungi | Sindurêja sigra duta | mantri kêkalih tinuding | nimbali maring loji | abarênga salakumu | caraka kalih mentar | lan Martapura wus panggih | Martapura api-api nandhang lara ||

--- 43 ---

14. bathukira pinilisan | sukunira dèn pêtêki | sarwi kêmul dodotira | sarean leyangan guling | mantri kêkalih prapti | dhawuhkên timbalanipun | matur Ki Martapura | andika matur dyan patih | datan sagêd kula sowan sawêg lara ||

15. duta kalih sarêng mentar | sapraptanira ing loji | wus katur sadayanira | Martapura aturnèki | kumêndur matur aris | lah punika ambêkipun | inggih pun Martapura | jêng gusti ingkang nimbali | purun daga datan arsa lumampaha ||

16. Radèn Arya Sindurêja | sumung-sumung wadana brit | ngandika mring Suranata | nêdha lumaku pribadi | yèn mêksa tan lumaris | wisana nèng wismanipun | gawanên kupingira | Suranata mentar aglis | Martapura api sangêt gêrahira ||

17. ingadhêp kang para garwa | utawine para sêlir | bathukira pinilisan | sikile dipun pêtêki | kêmul kampuhirèki | api sangêt dènnya angluh | pra sêlir ngadhêp kapang | sadaya sami mijêti | osiking tyas Ki Tumênggung Martapura ||

18. uwong kinon asudukan | angamuk marang Kumpêni | lah ta iku enak apa | sih enak ngêloni gundhik | Ki Suranata prapti | angadêg ing daganipun | sugal dènira ngucap | dene iku bêcak-bêcik | kayaparan Martapura sanggupira ||

19. duk ing wêngi prajangjean | Martapura matur aris | kadospundi ta punika | samangke kawula [kawu...]

--- 44 ---

[...la] sakit | ragi pêdhês puniki | sirah kula sangêt ngêlu | ting cêrkot raosira | tan kenging kinarya linggih | Suranata asugal pangucapira ||

20. radèn patih katimbalan | yèn sira nora lumaris | ingsun kinèn anyirnakna | amung kupingira kalih | pinundhut marang loji | nanging eman kêris ingsun | sun sudukkên mring sira | sikilku bae nguwisi | kaya rêmuk êndhasira ingsun dhupak ||

21. sun tabokkên êndhasira | eman-eman tangan mami | umatur Ki Martapura | saèstu kawula sakit | samangke sampun mari | anêdha ngapuntên ulun | ngandikan gih sandika | lajêng siyaga ngajurit | sabalane sampun siyaga ngayuda ||

22. budhal loji sampun prapta | obah ingkang sami linggih | litnan utawi kapitan | sami prayitna ing wèsthi | sagung para dipati | sami nyikut dhuwungipun | ngêlabang kapipitan | kumêndur ngêjèpi aglis | anglarihi dhumatêng Ki Martapura ||

23. litnan sêksana tumandang | asta kang kiwa nglarihi | gumêtêr Ki Martapura | ulat pucêt payus putih | litnan nyandhak kris kêni | Ki Martapura lumayu | angadêg ngusap jaja | wau rahadèn apatih | Pangran Natakusuma mijêt kang jaja ||

24. prasami kadung ing karsa | dene tan tuhu ing jangji | praptèng jaba tinadhahan | mring wadyabala kang baris | jur amoh rontang-ranting | Kumêndur Sêlut gumuyu |

--- 45 ---

dene botên pintêna | ambêke kalêngki-lêngki | radèn patih asru dènnya angandika ||

25. kula sèwu botên nyana | samantên antêpirèki | dene adoh sangêt lawan | piangkuhipun si anjing | wong Japara sawiji | tan wontên kang bela lampus | Martapura kang pêjah | jisim pinakakkên anjing | wong Japara miyarsa giris sadaya ||

26. pawèstri angili samya | gya dhawuh rahadyan patih | mring Tumênggung Suranata | kinèn anjaraha sami | Martapura wismèki | Sindurja nèng loji kantun | kumêndur langkung suka | samana umatur aris | adhuh radèn sangêt trima kasih kula ||

27. dhatêng gusti sri narendra | kawula kapitêdhan sih | pêjahipun Martapura | kula atur tabe gusti | kunjuk sri narapati | lan punika tilaripun | inggih kula sumôngga | gusti kangjêng sri bupati | ya ta angling Radèn Arya Sindurêja ||

28. sudara benjang punapa | manawi dangu sang aji | sowan ta mring Kartasura | anyêkêl pun Surapati | sang natarsa bantoni | dhumatêng tuwan kumêndur | Driyansah lon saurnya | prakawis punika inggih | ing samangke dèrèng sagêd umatura ||

29. kula angantos parentah | kang saking nagri Batawi | kawula miyarsa warta | ing mangke rêsah nglangkungi | duk ngantos kumasaris | dinuta mring pulo Ondrus | angudhunakên wadya | Kumpêni kang sawêg jurit | samangsane prapta anuntên [anu...]

--- 46 ---

[...ntên] umangkat ||

30. amung samangke kawula | nyaosi salawe kêrbin | nulya budhal Sindurêja | boyongan jarahan sami | datan kawarnèng margi | Kartasura sampun rawuh | lajêng mêlêbèng pura | prapta ngabyantarèng aji | sri narendra arum wijiling wacana ||

9. Mijil

1. Jiwaraga luwih alanèki | tan lumrah lawan wong | angluwihi saking ing alane | eling turune wong adol pitik | Dyan Pangran Dipati | alon aturipun ||

2. gih punika bèbète tyang nyukit | dulit sangêt awon | datan sudi sun angabdèkake | ing saturun-turune si dhêsil | mêmirang aurip | sokur têkèng lampus ||

3. jêjarahan saking Japarèki | wus malbèng kadhaton | dadi isèn jro pura èstrine | mung rabine Ki Jiwaragèki | kang sêpuh pribadi | tan anèng kadhatun ||

4. Jiwaraga sutanira èstri | binuwang mangulon | marang wana Ngayah ing prênahe | Pangran Dipati wus bubar sami | sadaya kang nangkil | sowang-sowang mantuk ||

5. kunêng gênti kang winuwus malih | ya ta winiraos | Pangran Kajoran kawarna manèh | akêkuwu ngumpulakên dasih | sagunge wadya lit | wong ing dhusun-dhusun ||

6. nèng Palabang dènnya pacak baris | prasami makuwon | wong ing desa ing kering kanane | wontên rare neneman apêkik | langkung dèn kasihi [ka...]

--- 47 ---

[...sihi] | pan rinêngkuh sunu ||

7. Rôngga Dhadhapan ingkang wêwangi | antar bagus anom | wus andadi akathah balane | kang minôngka têtindhihing baris | lampahira ngancik | Kaleca dinunung ||

8. kawarnaa nagri Kartawani | wus miyarsa wartos | sri narendra aparentah age | kang tinuduh mapag ing ajurit | wadya Madurèki | lawan Surèngkewuh ||

9. ingkang baris Kaleca ginitik | ya ta sampun kawon | pan anglarug mangidul barise | tinut wuri saparanirèki | wadya Surawèsthi | lan Sampang tut pungkur ||

10. Panêmbahan Rama kang winarni | eca amakuwon | angandika mring para muride | sakabèhe anak putu mami | besuk yèn ajurit | akèh wadyaningsun ||

11. lah dêlêngên kabèh bocah mami | besuk ing palugon | iya kaya mangkene patrape | Panêmbahan mundhut sawung kalih | kinèn motong aglis | wau punang sawung ||

12. kinèn ngolah kang sawung kêkalih | anulya ginodhog | uwus matêng sinaoskên age | panêmbahan angandika aris | panganên kang daging | balunge puniku ||

13. kumpulêna kabèh anèng piring | wusira kalakon | angandika panêmbahan mangke | hèh ta jago lah uripa maning | ginêtak tumuli | balung mulya sawung ||

14. lah ta kaya mangkono ing benjing |

--- 48 ---

têmpuhing prang popor | nadyan mati ingsun gêtak kowe | pasthi urip kaya jago iki | sadaya ngabêkti | para muridipun ||

15. ingsun gawe pasang giri maning | mênang lawan kawon | ing ayuda dadi pratandhane | iwak lele sun kon mènèk krambil | yèn bisa angambil | krambil dêganipun ||

16. mênang unggul gon ingsun ajurit | yèn tan bisa kasor | dyan ginêtak ingkang iwak lele | sigra mènèk ing uwit karambil | ya ta lajêng ngambil | krambil dêganipun ||

17. langkung inggar sagung para murid | ya ta ngandika lon | lah dêlêngên pratandhaku manèh | alang-alang sun sêbare iki | pasthi lamun dadi | janma bisa ngamuk ||

18. sigra nyandhak alang-alang aglis | ginêtak dadya wong | ewon lêksan tan karuan kèhe | hèh Dhadhapan maguta ajurit | sira sun gawani | ênya iki pêcut ||

19. arêpêna gon mungsuhirèki | pasthi padha dhrodhog | kêkês rumab yêkti wêdi kabèh | môngsa sira sun tegakna jurit | sun arsa udani | bok na batur lampus ||

20. sun gêtake pasthi urip maning | sagung wadyaningong | iku bisa majua prang manèh | para murit sami awotsari | kathahnya winilis | namung kalih atus ||

21. panêmbahan têdhak ngirid baris | wadya kinèn golong | sami sila murid sadayane | nyandhak kutug panêmbahan aglis |

--- 49 ---

sarwi angidêri | donga sarwi kutug ||

22. Rôngga Dhadhapan ngiring sang yogi | angidêri uwong | sarwi gawa pêcut nèng tangane | panêmbahan angandika aris | ingkang êlor iki | têmpuhên karuwun ||

23. sigra budhal sagunge pra murid | umangsah palugon | Rôngga Dhadhapan dadya tindhihe | pêcutira pan sarwi pinandhi | nèng wurining baris | wau ki tumênggung ||

24. Ki Jangrana angabani dasih | umangsah palugon | wadya Surabaya was tingale | mungsuhira amêdali jurit | wus sadhiya sami | swarane gumuruh ||

25. wus apanggih yun-ayunan jurit | prasami non-tinon | wadya Arga umangsah jurite | Ki Dhadhapan kang nindhihi wuri | wadya Surawèsthi | umangsah ing ripu ||

26. Rôngga Dhadhapan pêcutira glis | tinêlungkên mungsoh | wadya Surabaya jrih manahe | wadya Arga mangsah ngidak wani | wau ta sang yogi | momor wadyanipun ||

27. lare kalih kang atut ing wuri | kutuge pinondhong | angin silir-silir wor praptane | lesus limêngan madyaning jurit | kêkês tyasnya wingwrin | wadya Surèngkewuh ||

28. wong Madura sigra angêbyuki | saking wetan nêmpoh | nanging sami akêkês manahe | sarêng têmpuh udan riwis-riwis | gumrah wadya alit | rumab tyasnya takut ||

29. Rôngga Dhadhapan nêmpuh ing kering | Surabaya nêmpoh | lan Madura asarêng angsahe [ang...]

--- 50 ---

[...sahe] | wong arahan lumayu samya jrih | wadya Ngarga sami | yudanira sêngkut ||

30. pan kasapih kasaput ing ratri | mundur kang rêbut rok | amakuwon ing kalih-kalihe | kunêng dalu kawarnaa enjing | kalihira sami | gya anêmbang pangkur ||

10. Pangkur

1. Panêmbahan Rama mangkya | sakundurnya wau saking ajurit | laju lênggah nèng panêkung | siniwi wadyabala | kutugira datan mati pan kumêlun | anèng sanggar pamêlêngan | Rôngga Dhadhapan nèng ngarsi ||

2. panêmbahan angandika | hèh Dhadhapan ing benjang yèn ajurit | kaya nora kongsi nêmpuh | marang sariranira | tuwin marang wadyanira kabèh iku | kaya uwis dening gêlar | gêlar ingsun benjing enjing ||

3. alang-alang ingsun gêtak | dadya uwong padha mèlu ajurit | akèh dinulu ing mungsuh | padha giris tumingal | ingkang wadya sadaya inggar tyasipun | kunêng gantya kawuwusa | Ki Tumênggung Surawèsthi ||

4. ing dalu apagunêman | pra santana sadaya munggèng ngarsi | miwah para mantrinipun | tuwin mantri Madura | myang arahan Pangeran Madura rawuh | ing Kêkonang ing Pêcalan | ing Têmbayat dèrèng prapti ||

5. sira Tumênggung Jangrana | angandika hèh sanak-sanak mami | kayaparan wêkasipun | yèn awèt mangkenea | kaya nora sampurna ing pitung tèngsu | ing mêngko karêp manira | ing ayuda sun awaki ||

6. aja nganggo wong arahan | sarupane sanak [sana...]

--- 51 ---

[...k] ngong nunggal mami | Pangeran Rôngga puniku | Pêcalan lan Kêkonang | ing Têmbayat wontêna ing wuriningsun | sampun kêdah tumut yuda | ingong dhewe kang ngawaki ||

7. tanapi Pangeran Rôngga | lan pun adhi Têmbayat dèrèng prapti | pun adhi kèndêl puniku | kêdah wakil kewala | sawarnine nênggih sanak-sanak ingsun | binêktakakên kawula | nanging maksih kula iring ||

8. kadi ing sadina benjang | dhatêngipun lamun botêna adhi | Tumênggung Jangrana muwus | nadyan botên dhatênga | pan punika ngêntosi sabalanipun | suprandene sampun kathah | sêntanane kang wus prapti ||

9. apan dina benjang enjang | kula mangsah yuda mangrurah biting | wong gunung êndhasa sèwu | môngsa ingsun ulapa | dika pangran prayogi muji nèng pungkur | Pêcalan lawan Kêkonang | andika muji lan dhikir ||

10. yèn ta maksih katingalan | nadyan bisa arupaa sakêthi | anggêr botên bisa mabur | yèn maksih ngambah lêmah | inggih kenging kula lantari ing lawung | môngsa ta kula ajriha | anggêr sagêd caruk kêris ||

11. hèh payo wong Surabaya | para mantri lan kabèh sanak mami | ingkang padha têguh timbul | aja doh lawan ingwang | pilihana wadyaningsun besuk esuk | payo ta barêng palastra | lan wong ingsun talang pati ||

12. ing ratri wuwusên enjang | duk samana sadhiya ing ajurit | miwah wadya Ngarga uwus | sadhiya magut ing prang | mêdal saka

--- 52 ---

biting wadyanira umyung | pan sampun ayun-ayunan | sarêng nêmpuh ing ajurit ||

13. sira Tumênggung Jangrana | anèng ngarsa dharat ngawaki jurit | Pangeran Wôngga nèng pungkur | Kêkonang lan Pêcalan | samya dhikir sawadya swaranya umyung | wau Tumênggung Jangrana | ngabani wadya sinêlir ||

14. wadya Surabaya mangsah | wong Madura sarêng angamuk wani | wong Gunung atadhah pêngkuh | sira Rôngga Dhadhapan | munggèng ngarsa mobat-mabit pêcutipun | arame dènira yuda | kang ajriha têmah wani ||

15. wadya Arga tandangira | datan ulap dulu warastra lungid | lir singa lodra mangamuk | Pangran Kajoran wuntat | Panêmbahan Rama sarwi akêkutug | apan wus karsaning Suksma | pangabarane tan dadi ||

16. sanjata wus sami munya | wadya Surabaya sami bêdhili | ingudanan pasêr busur | wong Arga kathah pêjah | maksih tadhah wadya Madura gumulung | pira kadare wong Arga | dipun urugi pêpati ||

17. panêmbahan myat ing wadya | anggêlasah kadi babadan pacing | ginêtak maksah[17] galugur | ambêdhol alang-alang | wus sinêbar tan ana kadadènipun | apan maksih alang-alang | Rôngga Dhadhapan ngêmasi ||

18. sinosog ing ganjur watang | Ki Dhadhapan jisime wor lan siti | panêmbahan awas dulu | lumayu mring bitingan | amung kantun wadya wolu atut pungkur | wus prapta ing prênahira | panêmbahan gya nêtêpi ||

19. kang kori

--- 53 ---

wus jinaganan | awurahan kang anèng jroning biting | prajurit Surabayèku | bètèng sampun kinêpang | binêdhilan wadya jro surak gumuruh | dene kang lumayu yuda | wus ngumpul sajroning biting ||

20. jro bètèng tangise umyang | Panêmbahan Rama kocapa malih | amêgêng napas pinêsu | ngêningkên pôncadriya | tan antara pangraose kang andulu | panêmbahan malih jaka | anulya kadulu malih ||

21. salare pangon wayahnya | dangu-dangu katingal sabêbayi | nulya musna tan kadulu | sagung kang sami ngêpang | wadya Surabaya sarêng mangsah ngêbyuk | mangukih mangrurah jagang | bètèng sampun dèn lêboni ||

22. puyêngan ing jro bitingan | tinumpêsan wong lanange tan kari | lare lanang datan kantun | pinatenan sadaya | wong wadone sadaya wus kinèn ngumpul | binoyong binêkta mêdal | pakuwon sampun binêsmi ||

23. wus sirna pakuwonira | sinêngkalan bêdhahira ing Wukir | trus sirna pandhita iku[18] | wau kang kawarnaa | Ki Tumênggung Jangrana pan arsa kundur | sagunging wong bêboyongan | kinèn ambêkta rumiyin ||

24. Tumênggung Jangrana budhal | sira pangran ingkang kinèn akari | pangeran ing Wôngga iku | Pêcalan lan Kêkonang | bokmanawa ing undure baris agung | dene panêmbahan musna | manawa angadêg malih ||

25. ing ênu tan winursita | Ki Jangrana

--- 54 ---

lampahira anênggih | prapta ing Kartasuresuk | wus katur sri narendra | Panêmbahan Rama apan musna sampun | langkung ngungun sri narendra | wusana suka kang galih ||

26. boyongan malbèng jro pura | Ki Jangrana ginanjar busana di | ya ta wau sang aprabu | ingkang rayi ngandikan | sira Pangran Pugêr wus tumamèng ngayun | munggèng ngarsane narendra | angandika sri bupati ||

27. yayi paran karsanira | Si Sindurja kala katêmu dhingin | nèng Japara lan kumêndur | prakara Pasuruan | lamun bala Kumpêni yayi ngong pundhut | anggitika Pasuruan | lan dèn pracayakna maning ||

28. ingkang sun tuduh ing karya | punggawèngsun Madura Surawèsthi | ngirida pasisir iku | kang rayi matur nêmbah | yèn suwawi ing karsa paduka prabu | lêhêng nuntên linampahan | inggih pun dipati kalih ||

29. nadyan inggih manggihana | dhatêng wadyabala Kumpêni mangkin | wontên ing paran pukulun | sadaya umangkata | pun Kumpêni saèstu mêdal ing laut | sri narendra angandika | sakarsanira ta yayi ||

30. maksih kaya dhingin uga | pan wong loro iku ngong karya sandi | duk Japara durung kuntung | alane kang sun karya | Jiwaraga yayi wijile wong buruh | akarya lingsêm manira | têmahan anandhang brangti ||

11. Asmaradana

1. yayi nisthaning narpati | lamun akarya punggawa | nora tega ing patine | watêke wêdi palastra |

--- 55 ---

drêngki jail tur cidra | tan pantês ngawulèng ratu | lan dhêmên amaro tingal ||

2. watarèngsun Surapati | samêngko wus sugih akal | pantês angêntasi gawe | kaya nora kawanguran | kang rayi matur nêmbah | inggih sintên ingkang purun | amingkis wadi narendra ||

3. suwawi dipun timbali | pun Sampang lan Surabaya | kinèn siyagèng palugon | sang nata alon ngandika | Sindurja timbalana | Si Dipati Surèngkewuh | aja kari yayi Sampang ||

4. punggawa katri wus prapti | ing ngabyantara narendra | sang nata ngandika alon | hèh yayi mas ing Madura | lawan ing Surabaya | padha siyagaa pupuh | angrabasèng Pasuruan ||

5. ngirida wadya pasisir | lan wadyèngsun Kartasura | amèlua sapratêlon | punggawa kalih wotsêkar | sampun winangsit samya | ing karsanira sang prabu | kadi kang wus kalampahan ||

6. aja ge sira ajurit | yèn Kumpêni durung prapta | abarisa tugur bae | iya anèng Pasuruan | sang nata angandika | marang Arya Sindurjèku | hèh Sindurja ing Japara ||

7. ingsun paringakên maning | maring Si Sêcanagara | Sindurêja awotsinom | iku nuli ulihêna | lan gawanana layang | marang Si Kumêndur Sêlut | yèn punggawèngsun wus budhal ||

8. ingkang lumaku ajurit | yèn uwis prapta Japara | siyagaa ing palugon | nusula [nusu...]

--- 56 ---

[...la] mring Pasuruan | rampung sabda narendra | Sindurêja awotsantun | mêdal saking dalêm pura ||

9. myang Pangeran Adipati | Pugêr sampun sami mêdal | miwah punggawa kalihe | sami mangaras suku sang | Madura Surabaya | sampun prapta dalêmipun | lajêng angundhangi wadya ||

10. sami siyaga ajurit | radèn patih kawarnaa | lajêng animbali age | dhumatêng Sêcanagara | ya ta wus dhinawuhan | timbalanira sang prabu | yèn nagara ing Japara ||

11. pinatêdhakakên maning | anuwun Sêcanagara | lan kinèn umadêg age | marang nagara Japara | sarta anggawa layang | nawala dalêm kang dhawuh | Kumêndur Sêlut Driyansah ||

12. Tumênggung Sêcanagari | mangkat saking Kartasura | nèng marga tan winiraos | ing mangke kang kawuwusa | Dipati Surabaya | lawan Pangran Madurèku | wus saningga sigra budhal ||

13. saking Katasura[19] enjing | tuwin wadya Kartasura | umyang gumuruh swarane | sapratêlon ingkang budhal | pinalih lampahira | wadya pasisir puniku | mêdal êlèr lampahira ||

14. dene ingkang ngirid baris | wadyabala ing Madura | radèn dêmang pasisire | kang milwa Sêcanagara | kalih bupatinira | gantya wau kang winuwus | Tumênggung Sêcanagara ||

15. ing Japara sampun prapti | lajêng marang loji panggya | lan kumêndur tata lunggoh | lajêng maringakên surat [su...]

--- 57 ---

[...rat] | kumêndur tampi surat | binuka sinukmèng kalbu | kadriya surasanira ||

16. langkung sukanya tan sipi | ya ta angundhangi bala | sadhiya baita age | giyota pacalang wangkang | gorap miwah lanangan | nèng muara jêjêl pênuh | nanging ngantos praptanira ||

17. anuwun bantu Kumpêni | dhumatêng ing Batawiah | Sêcanagara wus mrantos | tan lami anèng Japara | samana sampun budhal | marang Pasuruan nusul | tan winarna lampahira ||

18. kunêng gênti kang winarni | wontên janma amêrtapa | ing Gunung Kidul dhepoke | Kyagêng Giring têdhakira | ingkang gadhah dawêgan | ing nguni ingkang dèn inum | mring Ki Agêng Pêmanahan ||

19. Ki Wanakusuma nami | dhêdhukuh nèng wana sunya | pinêsu bêntur tapane | sêdyanira ing wardaya | aminta ing Hyang Suksma | nyuwun ganti waris ratu | amêngku rat nungswa Jawa ||

20. darbe putra jalu kalih | anama Jayalêlana | Jayaparusa kang anèm | ing nguni prajangjinira | Ki Agêng Pêmanahan | yèn wus turun kaping pitu | gêntos warising narendra ||

21. kalawan Ki Agêng Giring | mangke kaping ênêm lagya | mila binantêr tapane | wau putra kalihira | binujuk êmbanira | dhuh radèn inggih yèn ayun | paduka umadêg nata ||

22. mangke sêdhêng ngrêbat puri | mumpung nagri Kartasura | sami suwung bupatine | pasisir môncanagara | nglurug mring Pasuruan | lan wadya [wa...]

--- 58 ---

[...dya] Kartasurèku | ingkang tumut sapratigan ||

23. suwawi sampyan sumiwi | dhumatêng rama paduka | sanadyan dèrèng mangsane | impèn kawula prayoga | sampeyan madêg nata | siniwi wadyabala gung | sarwi amandhi bandera ||

24. wus katingal radèn kalih | tamtu umadêg narendra | kailo ing sangkal bolong | nêronthong gawang-gawangan | yèn sampeyan mêngku rat | Jayalêlana lingnya rum | lah tuturna impènira ||

25. Ki Kartigarun turnèki | anggèr sampeyan katingal | nitih liman ginrêbêg wong | akathah anglir wong ngarak | sampeyan pinaesan | cahya paduka umancur | lir pendah wulan purnama ||

26. kawula umiring wuri | malbèng nagri Kartasura | lampah lêstari kemawon | tan wontên sasayèng[20] marga | inggih lampah sampeyan | tan wontên prajurit mêthuk | mung bèbèk arak-arakan ||

27. ngisis katêrajang baris | dupi prapta Kartasura | kula atangi jênggèlèk | nuntên wontên swara nyata | dumêling ujarira | wus sêdhênge mangun pupuh | Rahadèn Jayalêlana ||

28. condhong lan karsanirèki | gya umarêk mring kang rama | lan Si Jayaparusane | duk prapta ngarsaning rama | matur ingkang atmaja | rama kawula umagut | amêrêp ing Kartasura ||

29. mumpung ta rama ing mangkin | suwung nagri Kartasura | kang rama ngandika alon | kulup [ku...]

--- 59 ---

[...lup] durung ungsumira | nadyan benjing maguta | anggèr yèn wus ungsumipun | têka ngamini manira ||

30. wuwuha punggawanèki | Sang Aprabu Kartasura | iya têlung èwu mono | ingsun ta môngsa mirisa | samangke sutaningwang | apan durung ungsumipun | atmaja mêgatruh turnya ||

12. Mêgatruh

1. kula mangke rama anyuwun pangèstu | badhe umagut ajurit | kang rama alon amuwus | kulup pan wis tuwa mami | amung sira iku karo ||

2. ngong bakali pan iya kurang saturun | lagi ping nêm iki kaki | lan maninge durung tutug | mungguhing pandulu mami | tutugêna sira karo ||

3. amêrtapa anênêdha ing Hyang Agung | dilalah takdiring Widi | ingkang putra kalihipun | tan kêna dipun palangi | aturipun kalih bêrod ||

4. yèn kawula rama mangke sampun ungsum | mung kula anyuwun idi | inggih waris umbul-umbul | kawula bandera waring | têtunggulipun palugon ||

5. kula suwun arsa kula damêl tunggul | inggih umangsaha jurit | ingiring wasiyatipun | sampun karsaning Hyang Widi | ki agêng tyasira condhong ||

6. ri saksana wau kang tunggul pinundhut | kang sinimpên jroning pêthi | dyan binuka kothakipun | jumêgur swarane muni | pêthine kari wus kothong ||

7. tunggul waris mêsat wiyat tan kadulu | jêtung ki agêng umèksi | wusana lingira

--- 60 ---

arum | adhuh nyawa putra mami | paran karsanira mêngko ||

8. tunggul waring brêkatan wus musna iku | kang putra nêmbah wotsari | wus dilalah botên purun | tunggul wau wontên mami | nanging ta pangraos angong[21] ||

9. dene mêsat mring awiyat ingkang tunggul | yèn ta punika umaksih | wontên kothak botên mumbul | ilapate ing ajurit | saèstu kawula asor ||

10. dene wau bandera waring amumbul | muluk dhumatêng wiyati | pratôndha yudamba unggul | wus sêdhêng rama samangkin | kawula ngrêbat karaton ||

11. putra kalih amêksa aturanipun | kang rama èmêng ing galih | radèn kalih nulya muwus | hèh bapa ngirupa nuli | kanan kering sagung uwong ||

12. ubalêna ing kaprawiranta iku | Kartigarun gya lumaris | sing ngarsane gustinipun | marang dhusun kanan kering | gya anêmoni sagung wong ||

13. ngubalakên prawirane Kartigarun | wong desa kang sami uning | awêdi têmah kapencut | lan sagung wong sinung warti | yèn gustinira samêngko ||

14. katurunan laelatul kadri rawuh | nurbuwat karaton Jawi | mêngku rat nungswa Jawèku | sapa wong ing dèsi-dèsi | kang arsa dadi bupatos ||

15. padha nuta samêngko mring gustiningsun | pêsthine sira ing benjing | dadi bêkêl jung-panajung | panglawe utawi mantri | wadana panèkêt kliwon ||

16. wong ing desa sadaya kang sami

--- 61 ---

ngrungu | tyasira prasami melik | kêna ing kêmat cêcinthung | Kartigarun akalnèki | sagung bêkêl desa golong ||

17. wus sadhiya bêkêl desa samya kumpul | marang dhukuh Wanatawis | andadi barisanipun | rinakit kinarya puri | taratag rambat wus dados ||

18. ingkang seba winitawis wadya sèwu | urut wana sami ngabdi | miwah sawetaning gunung | Marapi sami sumiwi | Rêbabu urute saos ||

19. kêrig dhatêng ing Wanatawis sadarum | dyan kawuwusa anênggih | kang arsa umadêg ratu | Radèn Jayalêlanèki | Jayaparusa kang anom ||

20. sabên enjing amêpakkên wadyanipun | ngubalkên prawiranèki | sagung kang mulat kapencut | anèng saluhur turanggi | lawung pitu tan binongkok ||

21. ingulukkên kinarya onclang mandhuwur | mêsat marang ing wiyati | dupi ta mangandhapipun | urung-urung sang apêkik | ginêtak lawung mancolot ||

22. sami mêsat marang ing gêgana muluk | kalamun ambêdhol dami | dadi gêgaman prang pupuh | kang mulat sadaya wingwrin | yèn ginêtak dadi uwong ||

23. radèn kalih umarêk rama sang wiku | arsa umangsah ajurit | kang rama ngandika arum | adhuh babo putra mami | sakarsanira sun rojong ||

24. nanging ingsun tan tega mring sira kulup | ingsun karyakêna joli | kajang têtunggangan ingsun | sukèng tyas tanaya kalih | wus karsanira Hyang Manon ||

--- 62 ---

25. ingkang rama ginubêl wasana nurut | saking byat trêsna ing siwi | têmah gingsir lampahipun | ngêmping tapa genjah têkdir | samana sawusnya dados ||

26. kapraboning ayuda ki gêdhe wau | ngubêngi marang ing dasih | sarwi kutuge kumêlun | wadya surak swaranya tri | gumuruh kang wadya bodhol ||

27. kyai agêng pan joli titihanipun | wadya gung sami lumaris | mawarna banderanipun | Kartigarun matur aris | dhumatêng rahadèn karo ||

28. dhuh gustiku lamun suwawi ing kayun | Kartasura dèn lêbêti | inggih gusti mumpung esuk | mumpung nagri maksih sêpi | sumaur rahadèn karo ||

29. iya bêcik Kartigarun malih matur | gusti kalamun suwawi | wadyanta ingkang pangayun | sami bêkta amaculik | lir pendah tyang bêrêg kêbo ||

13. Durma

1. impèn kula gusti kalangkung pratela | mila wadya pangarsi | ngagêma maculak | inggih gusti sumepa | kados tiyang giring mêri | saèstunira | mungsuh prasami ngisis ||

2. yèn ginêtak pangarsanira sadaya | wong sèkêt winitawis | sami ngangge culak | Radèn Jayalêlana | munggèng ngarsa wuri baris | nitih turôngga | pan sarwi songsong kuning ||

3. tan kawarna solahira pan mèh prapta | ing Kêdungwinong prapti | wadyanya balabar | pangarsanya wus têbah | ing Kapandhanan abaris | wadya pangarsa | dinulu angajrihi ||

--- 63 ---

4. Kêdhungwinong Sidawayah ênggonira | karsane madêg aji | kapyarsèng samana | ing dalu kawuwusa | katur marang sri bupati | lamun wong Wana- | kusumarsa mrêpêk puri[22] ||

5. dêdamêle ingkang lumaku ing ngarsa | ing Kapandhanan baris | wadya urut wana | tuwin sawetan arga | suyud milwa ing ajurit | ing benjang enjang | dènnyarsa mêrêp puri ||

6. katingalan saking nagri Kartasura | pakuwon wana têgil | obor lir raina | ing dalu tan winarna | ya ta kawuwusa enjing | Prabu Mangkurat | miyos ing pôncaniti ||

7. andhèr anèng ngayunan wadya punggawa | sakêpraboning jurit | Dipati Urawan | wau kinèn mêthuka | ngirid sagung wadya Jawi | bidhal saksana | saking ngarsa narpati ||

8. amung kantun Radèn Arya Sindurêja | jagi nèng pôncaniti | myang wadya kaparak | gêdhong baris malatar | duk samana sri bupati | angingu wadya | kawan dasa wong Bali ||

9. Ki Tumênggung Singabarong aranira | lêlurahe wong Bali | andhèr ngarsa nata | udhênge bolang-bolang | abaju sangkêlat wilis | sondhèr ngangrangan | asikêp watang jinggring ||

10. kawarnaa wau Dipati Urawan | kang mêthuk ing ajurit | ing Kêmadhuh prapta | tata baris akapang | Wanakusuma winarni | budhal samana | saking pakuwonnèki ||

11. munggèng joli Ki Agêng Wanakusuma | wus [wu...]

--- 64 ---

[...s] sêpuh kaki-kaki | sutanira ngarsa | Radèn Jayalêlana | kang rinaja-raja sami | lan arinira | samya munggèng turanggi ||

12. apêpaès wadana pinindha liman | sira rahadèn kalih | lawan êmbanira | Kartigarun pinrada | saingga binayangkari | ingayap wadya | pan sarwi songsong kuning ||

13. katur marang Rahadèn Jayalêlana | yèn ingkang mêngsah prapti | Dipati Urawan | kêrig wong Kartasura | kiyai agêng ngubêngi | mring wadyanira | maca donga capati ||

14. donga bêsmah têracah donga sarabat | utawi sèpiangin | gumêrah swaranya | sarwi anabuh kêndhang | wadyanya pan sami dhikir | Jayalêlana | ngatag wadyanira glis ||

15. lah ta payo padha sira tarajanga | baris ing Kartawani | sigra sami mangsah | wadya angagêm sulak | sumahab anêmpuh jurit | sami lok sulak | sulak mungsuh awingwrin ||

16. sami kêkês wadyabala Kartasura | Ki Urawan nulya glis | anêmbang têra[23] | nêmpuh wong Kartasura | sumahab tandange jurit | campuh kang yuda | rame bêdhil-binêdhil ||

17. dyan gumulung wadya ing wanakusuman | gustine anindhihi | mangamuk arampak | ngisis wong Kartasura | giris sagunge bupati | Urawan kurda | sigra umangsah jurit ||

18. datan kêna ingadu wong Kartasura | pangraos aningali | mungsuhira wêndran | nangkêbi kering kanan | sami kêkês aningali [aninga...]

--- 65 ---

[...li] | Jayalêlana | sigra ambêdhol dami ||

19. dyan sinêbar dami katingal gêgaman | bêbujung mungsuh sami | sira Ki Dipatya | Urawan wus lumajar | wong wanakusuman nagri | buru lan surak | ingkang lumayu giris ||

20. gya kapêthuk sira Dipati Urawan | lawan duta nrêpati | dhawuhkên timbalan | lah dipati andika | dhawuhipun sri bupati | sampun lumajar | marang ing pôncaniti ||

21. lumayua mring pasowan kidul ngrika | sampun kêkawal malih | apan sri narendra | arsa ngawaki yuda | sagunge para dipati | botên kalilan | umagut ing ajurit ||

22. pinrih prapta mungsuh anèng panangkilan | sigra wau dipati | mingêr lampahira | myang sagunging punggawa | pasowan kidul dèn jogi | dyan mantri mudha | lajêng lampahirèki ||

23. amariksa ênggone mungsuh kang prapta | wau ta kang winarni | wong wanakusuman | prapta anrangkusuman | tinata lakuning baris | kèndêl sakala | kang wadya dèn ubêngi ||

24. akêkutug pan sarwi anabuh kêndhang | Dyan Jayalêlana ngling | payo wadyaningwang | padha ngobong-obonga | karya tandhaning ajurit | sor ungguling prang | nulya wisma wong cilik ||

25. ingobongan wismane mantri dipatya | karana aja nganti | pisah wadyaningwang | masa ingsun ngadhatyan | kang ingsun karya bupati | têka mangsupa | dèn tinggala wadya lit ||

26. sun watara wus sumyur wong Kartasura [Karta...]

--- 66 ---

[...sura] | datan amagut maning | mung Si Adipatya | Urawan andêling prang | wong Kartasura wus ngisis | ratune minggat | tininggal ing wadya lit ||

27. iya masa wania mapag maringwang | jêr ingsun gênti waris | amêngku rat Jawa | ujar saturun ingwang | ugyaningsun angukuhi | bala maringwang | cup endhal-endhul mami ||

28. ya ta wau duta nata mantri mudha | wus awas sigra bali | anandêr lampahnya | ing alun-alun prapta | katur kangjêng sri bupati | kang mêngsah prapta | anrangkusuman baris ||

29. samya kèndêl anata gêgamanira | ngandika sri bupati | hèh wong gamêl kêbat | kudèngsun saosêna | si kaladaru tumuli | wus kinambilan | sinaosakên ngarsi ||

30. wus angrasuk sagung busana wasiyat | rasukan Kyai Gundhil | angagêm makutha | kêpraboning narendra | ujyalanira nêlahi | kyai bêlabar | winangking sri natani ||

14. Sinom

1. Ki Baru ngampil tan têbah | suranata ingkang ngampil | ya ta wau sri narendra | amundhut têngêran jurit | bêndhe Ki Bicak nênggih | sigra nitih kuda gupuh | ginrêbêg wadyabala | praptèng sitinggil winarni | wadyabala kaparak sampun atata ||

2. tan kaliru prênahira | sabêkêl sajajarnèki | wadya gêdhong sambungira | wurine kaparak baris | mangkana sri bupati | wong ing Bali wolung puluh | munggèng [mung...]

--- 67 ---

[...gèng] ngarsa narendra | Singabarong lurahnèki | têguh timbul sêmbada gagah prakosa ||

3. sri narendra angandika | dhumatêng Rahadèn Patih | Sindurja sira barisa | sabaturmu kidul masjid | yèn mungsuhira prapti | padha nulia lumayu | dimène mêngko prapta | mungsuh maring ngarsa mami | Sindurêja manêmbah matur sandika ||

4. tur sêmbah sigra umentar | angirid wadya prajurit | sang nata malih ngandika | hèh bocah gandhèk dèn aglis | sira paringa uning | marang adhi mas dèn gupuh | lan sira enggalêna | praptaa ing ngarsa mami | dene suwe yayi mas nora na prapta ||

5. wadya gandhèk nêmbah mentar | saking ngayunan sang aji | tan adangu antaranya | wong wanakusuman prapti | gumrêdêg angajrihi | sawadya bandera pingul | nênggih kala samana | ing Kartasura nagari | kêkayone dèrèng mangsane tumruna ||

6. dadya katingal anglela | sagung gêgaman kang prapti | saking alun-alun sigra | sri nata ngandikèng abdi | iki gêgaman kèksi | bandera rontèke pingul | sapa ta kang duwea | abdi kaparak tur bêkti | gih punika barising wanakusuman ||

7. katawis bandera pêthak | sang nata sarêng miyarsi | kalangkung sukaning driya | Ki Baru tan kenging têbih | tata dènnya lumaris | wadya wanakusuman gung | joli pinikul wuntat | ginrêbêg ing wadya dikir | cinarita Ki Agêng Wanakusuma ||

8. kang nitih

--- 68 ---

joli punika | dene ta kang putra kalih | samya lumampah nèng ngarsa | nitih kuda songsong kuning | sarwi nindhihi baris | ginrêbêg dening wadya gung | ki agêng munggèng wuntat | sadaya kang mikul joli | osiking tyas dene iki bobotira ||

9. saya ènthèng anèng pundhak | sakeca dènnya lumaris | arsa umatur mring radyan | kang mikul sadaya ajrih | ya ta datan winarni | kunêng wau kang winuwus | pangeran adipatya | ing Pugêr sampun abaris | enjing mila sampun siyagèng ayuda ||

10. pêpak ingkang wadyabala | Tambakbaya sampun prapti | kalawan Ki Surajaya | Jadêrma Jayawiryèki | duta nata wus prapti | mring Pangeran Pugêr pangguh | dhawuhkên sabda nata | paduka dipun timbali | dipun enggal praptaa ngarsa narendra ||

11. ing mangke mêngsah paduka | inggih gusti sampun prapti | Jêng Pangran Pugêr gya budhal | busana kaprabon jurit | tuhu langkung rêspati | asingsêt tarincing patut | dhasar bagus taruna | têguh tangguh ing ajurit | yèn sinawang lir pendah Bambang Irawan ||

12. ginarêbêg wadyanira | kalih nambang winatawis | samya wadya pêpilihan | kang sami sudirèng wèsthi | wong wanakusuman wrin | yèn mungsuh mêdali pupuh | sadaya sarêng surak | ngucap sulak-sulak sami | ya ta kagyat Pangeran Pugêr ngandika ||

13. hèh sakèhe wadyaningwang | dèn enggal muliha sami | rêksanên [rê...]

--- 69 ---

[...ksanên] ta gustinira | garwaningsun ingkang kari | poma dèn ngati-ati | salawe bae wadyèngsun | ingkang milu maringwang | kang padha lungguh ing ngarsi | ingkang kinèn wotsari anulya mentar ||

14. prasami wangsul sadaya | amung salawe kang kari | ing Pêkên Agêng wus prapta | wadya wanakusumani | kèndêl angati-ati | nèng wetan Kamlayan wau | ya ta Kangjêng Pangeran | Dipati Pugêr lingnya ris | hèh pra kônca gandhèk sira alajua ||

15. ingsun wus nèng jawi bata | matura mring sri bupati | caraka matur anêmbah | adhuh gusti kula ajrih | dhatêng rakanta aji | karsanipun sang aprabu | inggih mêngsah punika | kang supados sagêd prapti | ngalun-alun ngarsanya raka paduka ||

16. arsa nyrirani ngayuda | rakanta sri narapati | Pangran Pugêr angandika | hèh gandhèk lajua nuli | ywa môngga tutur mami | kang kinèn manêmbah laju | gancangan lampahira | sigra Pangeran Dipati | Pugêr budhal wadya salawe tan têbah ||

17. amangalèr lampahira | singidan karsanirèki | nèng pinggir kali bangawan | sawadyanira tan kari | prasami tumut dhêlik | tan kèksi saking marga gung | tan antara kang mêngsah | barisira sampun prapti | pangarsane ing Pêkên Agêng samana ||

18. Surajaya matur sigra | gusti mêngsah tuwan prapti | jêng pangran alon ngandika | dimèn pangarêpe dhingin | punggawane sun èksi | iku durung ana langkung [lang...]

--- 70 ---

[...kung] | mêngsah lajêng lumampah | ing pangurakan wus prapti | sêmang-sêmang ngrasa ajrih ing tyasira ||

19. wadya ing wanakusuman | ting kalithih sami ajrih | giris mulat barisira | ing kangjêng sri narapati | tinon lir gunung gêni | mawarna gêgamanipun | Radèn Jayalêlana | Jayaparusa wus prapti | Pêkên Agêng miyat wadya kulithihan ||

20. ya ta asuwarèng wadya | batur ywa kandhêg lumaris | ingsun arsa ambanjura | ngadhaton maring jro puri | banjur jumênêng aji | ana ing Kartasurèku | ya ta ingkang winarna | Pangeran Pugêr kang dhêlik | nênggih anèng pinggiring kali sawadya ||

21. matur Arya Tambakbaya | yèn parêng karsa jêng gusti | suwawi mangsah ngayuda | sampun kalayatan malih | jêng pangran ngandika ris | lah ta kabèh wadyaningsun | payo padha umangsah | sapa kang ninggal ing mami | nora wurung ingsun kêthok gulunira ||

22. kang wadya sarêng turira | ajura awor lan siti | wontên ing ngarsa paduka | botên niyat botên ngimpi | nêdya tilar ing gusti | suka tumêka ing lampus | Jêng Pangran Pugêr mangsah | rêspati tandangirèki | kang winangking Kiyai Mesapanular ||

23. Kyai Palèrèd ingasta | wadya salawe tan têbih | sarêng dènira umangsah | tandangira golong pipit | Sunjaya amangarsi | Tambakbaya sarêng ngamuk | tan kari Ki Jawirya | tiga kang dadi pangirid | wadya wanakusuman awas tumingal ||

24. lamun Pangeran [Pa...]

--- 71 ---

[...ngeran] Dipatya | Pugêr umangsah ing jurit | kagyat gègèr mapuyêngan | wadya kapugêran sami | lajêng sami ambêdhil | sarêng muni bêdhil pitu | wadya wanakusuman | kathah kawatgatèng mimis | saya bingung gègère ulêng-ulêngan ||

25. kagyat wau sri narendra | miyarsa swaraning bêdhil | sang nata aris ngandika | sapa kang mapag ing jurit | nèng pangurakan iki | wadya gandhèk nêmbah matur | gusti ari paduka | inggih Pangeran Dipati | mapag yuda mèsêm wau sri narendra ||

26. anarajang saking wuntat | mung salawe ingkang abdi | kang binêkta magut yuda | rayi paduka jêng gusti | nanging sami pinilih | kang sami sudirèng kewuh | sang nata amiyarsa | ature gandhèk kêkalih | langkung mirma mring ari sri naranata ||

27. lajêng anêmbang têngara | Ki Bicak tinêmbang nitir | swara muluk ngawang-awang | angangkang anèng wiyati | ngungkung ana ing langit | sang nata ngandika asru | Singabarong dienggal | umangsaha ing ajurit | têtulunga sirèng yudane yayi mas ||

28. Pugêr umangsah ing yuda | wadyane karoban tandhing | Singabarong atur sêmbah | umangkat sakancanèki | mêre saengga kapi | sarwi sru pangucapipun | têmbung Bali gajah lyak | babêk bancangan puniki | jo akanjutane sarwi ngêmbat watang ||

29. watange kinarya onclang | sasolahira ngajrihi | tumbak dèn umbulkên ngwiyat | tinadhahan [tinadhah...]

--- 72 ---

[...an] jajanèki | kulite datan busik | watange têmahan rêmpu | suka sri naranata | umiyat wadya ing Bali | kang sawênèh anyaut babrêngosira ||

30. langkung andik netranira | ambuwang gêgamannèki | umangsah kalawan asta | prasami têguh kang kulit | wong wolung dasa sami | prasami atêguh timbul | wadya Bali sadaya | prasami nêmbah ing gusti | wus ingidèn tan ana nolèh ing wuntat ||

15. Pangkur

1. wadya Bali sarêng mangsah | wus watake wadyabala ing Bali | sarêng kapangguh lan mungsuh | lajêng ngamuk manêngah | kang tinrajang wong wanakusuman mawur | tanbuh-tanbuh polahira | ing wuri ngamuk mangukih ||

2. jêng pangeran adipatya | saha wadya ngamuk sagolong pipis | kadya banthèng tawan tatu | wadya wanakusuman | kagegeran puyêngan pating bilulung | kathah tatu kathah pêjah | dèn amuk marang wong Bali ||

3. katutuh saking ing wuntat | Pangran Pugêr sawadya anumbaki | jêprat-jêprot kèh kang lampus | wadya wanakusuman | ingkang urip agiris sami lumayu | amung kang lumampah ngarsa | akathah ingkang ngêmasi ||

4. kang mundur atawan brana | wit dèn amuk dhumatêng wong ing Bali | tan ana kang nêdya kiwul | kathah sami sêsambat | paran iki munduran ingsun ingadu | sêsudukan têtumbakan | ujare yun dadi aji ||

5. ngong kinon ngiring kewala | mêngko têka ingadu mangun jurit | tobat [to...]

--- 73 ---

[...bat] ingsun kêna ngapus | angur ta lumayua | nora kudu manira dadi tumênggung | angur amatuna gaga | joline binuwang aglis ||

6. nanging wus kothong kewala | samya bubar sagunging wadya alit | mung kari lêlurahipun | Radèn Jayalêlana | lawan Jayaparusa datan lumayu | mêdalakên pangabaran | wali-wali tanpa dadi ||

7. Rahadèn Jayaparusa | sakalangkung krodhanira mawêrdi | kalih nrêgkên barisipun | kang kari kathahira | wadya wanakusuman pan amung satus | kalihnya ambêk sudira | sawadya agolong pipis ||

8. Jêng Pangeran Pugêr mirsa | lamun Jayalêlana mangsah jurit | ngandika mring wadyanipun | hèh kabèh bocah ingwang | umundura iya maring wuriningsun | lah age alumayua | iki mungsuhira sêkti ||

9. Si Jayaparusa mangsah | kinawasa prawira ing ajurit | sun papagêne ing ripu | padha ijèn kewala | sigra sami lumayu marang ing pungkur | jêng pangran sampun kapanggya | lan Jayaparusa jurit ||

10. pan padha ijèn kewala | sigra Jayaparusa numbak aglis | Pangeran Pugêr tan keguh | dènnya manangkis tumbak | wau Jayaparusa panumbakipun | anitir marang pangeran | nanging datan anêdhasi ||

11. Pangeran malês anumbak | Radèn Jayaparusa pan katitis | pêcah jajanira têrus | marang walikat niba | kapisanan Jayaparusa wus lampus | Jayalêlana winarna | aprang lawan wong

--- 74 ---

ing Bali ||

12. Singabarong mungsuhira | dèn rêbut ro Jayalêlanèng jurit | lawan maguyangan iku | Jayalana tinumbak | marang Boman Guyangan ingkang anglawung | lambungira kawatgata | têrus niba angêmasi ||

13. wadya alat[24] samya bubar | ya ta wontên abdinira sang aji | Nayatruna wastanipun | juru kêbon sri nata | amit nêmbah pukulun gusti sang prabu | ulun amit milwa yuda | ingidèn mangsah ing jurit ||

14. ing payudan sampun prapta | Nayatruna samana lajêng dhêlik | amping-ampingan ing kayu | awas dènnya tumingal | lamun Jayalêlana wau wus lampus | aprang lan Boman Guyangan | wangkenya maksih gumuling ||

15. tininggal Boman Guyangan | awit lajêng ngamuk ing wadyanèki | Jayalêlana gumluntung | tangginas Nayatruna | ingkang wangke gya tinigas murdanipun | jaja awêdhak rudira | busana tinêlês gêtih ||

16. gya binêkta mundur sigra | Pangran Pugêr wau ta kang winarni | angawe ing wadyanipun | garjita pra punggawa | para mantri sadaya mangsah ing ripu | prasami angêmbat watang | sami ngungsir mungsuhnèki ||

17. ya ta ingkang kawarnaa | sri narendra awas dènnya ningali | Pangran Pugêr dènnya ngamuk | langkung sudira kiyat | sri narendra kalangkung sukaning kalbu | ya ta Kyai Nayatruna | praptèng ngarsanya sang aji ||

18. sarwi anyangking mustaka | jajanira mawi gêgubras gêtih | amicara jroning kalbu |

--- 75 ---

nadyan ingsun goroha | mring sang nata ujar ingsun goroh patut | wênang wong rêbut darajad | mrih dèn sihi ing nrêpati ||

19. kagyat kangjêng sri narendra | sru ngandika wau ta sri bupati | hèh Nayatruna sirèku | têka anyangking êndhas | dhase sapa Ki Nayatruna umatur | pukulun sri naranata | punika sirahirèki ||

20. inggih pun Jayalêlana | ingkang arsa mêngsah paduka gusti | lan kawula aprang kiwul | pêjah kawula tigas | ingkang murda konjuk ngarsa sang pukulun | ing yuda ulun mèh pêjah | langkung sudirèng ajurit ||

21. sang nata alon ngandika | Nayatruna bangêt tarima mami | sirèku wong nêdya lampus | têmahan nêmu arja | ing samêngko lungguhira ingsun junjung | lawan sun paringi aran | Raja Mênggala sirèki ||

22. kabèh wadyèngsun jro pura | iya sira ingkang angrèhna sami | Ki Nayatruna gya sujud | anèng ngarsa narendra | ya ta wadya wanakusuman wus larud | Pangeran Pugêr winarna | kang mêntas unggul ing jurit ||

23. miwah sagung pra punggawa | ingkang bujung mêngsah samargi-margi | mêngsahnya kathah kang lampus | kècèr saurut marga | dening pamukira jêng pangran sawadu | Jêng Pangeran Adipatya | lajêng marêk sri bupati ||

24. ingiring sagung punggawa | jisimira Jayaparusa nênggih | mantri kalih kinèn tunggu | nganti karsa narendra | tan kawarna ing marga samana rawuh | anèng

--- 76 ---

ngarsane sang nata | sri narendra dangu nganti ||

25. sarêng kang rayi katingal | lampahira ingiring para dasih | sigra ngawe sang aprabu | praptèng byantara nata | jêng pangeran pilênggahira mabukuh | sang nata aris ngandika | bagya sapraptanta yayi ||

26. lan sabatur punggawanta | jêng pangeran munjuk sarya wotsari | saking pangèstu pukulun | kakang prabu raharja | sapunggawa kawula sami rahayu | mangkya ulun tur uninga | pun Jayaparusa lalis ||

27. joline Wanakusuma | duk kapanggih sampun datanpa isi | kang wadya lit brastha gêmpur | sang nata angandika | bocah gandhèk pundhutên jisimirèku | Jayaparusa dèn enggal | gawanên ing ngarsa mami ||

28. kang ingagnyan sigra mentar | tan adangu jisim konjuk ngarsa ji | angandika sang aprabu | sarya suka ing driya | baya iki kang arsa jumênêng ratu | amêngku rat tanah Jawa | arsa mungsuh wong Matawis ||

29. wakane Jayaparusa | têka pijêr sira enak aguling | durung katêmu lan ingsun | sang nata ngatag wadya | hèh wong singanagara payo dèn gupuh | murdane panjêrên iya | anèng wringin kurung nuli ||

30. gêmbunge iku parakna | iya marang ing Endragiri nuli | kang murda tinigas sampun | pinanjêr ingkang sirah | anèng wringin kêmbar têngah ngalun-alun | myang sirah Jayalêlana | sampun pinanjêran sami ||

31. kunêng solah tan winarna | ya ta jêngkar sang nata malbèng [ma...]

--- 77 ---

[...lbèng] puri | Jêng Pangeran Pugêr sampun | kondur sawadyanira | Sindurêja tanapi para tumênggung | samya mantuk sowang-sowang | mijil suka ing jro ngati ||

16. Mijil

1. kunêng gantya winursita malih | kang baris ing Gênthong | Adipati Sampang sakancane | lawan Adipati Surawèsthi | lami dènnya nganti | Kumpêni tan rawuh ||

2. dènnya baris nèng têngah wanadri | lor kidul myang kulon | wetan samya kinubêngan larèn | sêsandhingan kang para dipati | saengga nagari | banjêng lurung-lurung ||

3. pirêmbagan sagung pra dipati | pêpak nèng pakuwon | sira Adipati Madurane | apan karya tilasan sathithik | rêmbag pra dipati | akarya prang pupuh ||

4. amacalang bagiyan pra mantri | nanging ta kang ewoh | Adipati Surabaya ture | luhung utusan atur udani | marang sri bupati | paran karsanipun ||

5. nadyan windon kang para dipati | abaris nèng Gênthong | inggih paran sang nata dhawuhe | sri narendra paramartèng dasih | suwawi prayogi | ngunjukana atur ||

6. Adipati Sampang matah mantri | kang badhe kinongkon | mawa kintèki konjuk sang rajèng | mêsat dutanira sang dipati | gantya kang winarni | wau Sang Aprabu ||

7. Kartasura tulus nyakrawati | adêgira katong | samya eca wong cilik manahe | para tani datan walangati | murah bêras pari | tulus kang tinandur ||

8. kadhatone [ka...]

--- 78 ---

[...dhatone] wus rinakit-rakit | sacarèng kadhaton | duk anyare misih pagêr bêthèk | gya jinaro pagêrira tuwin | ginêbyogan ugi | lèn binata sampun ||

9. sawusira rakit salirnèki | ya ta winiraos | sagung ingkang pra dipati kabèh | samya ngrakit wismanira nênggih | santana myang mantri | wismanya binatur ||

10. tan cinatur arjaning nagari | warnanên sang katong | sorinira sang nata kathahe | pan sakawan ingkang nama padmi | sêlir manggung cèthi | tan kêna ingetung ||

11. garwa pamungkas wau winarni | putri ayu kaot | ing Sumêdhang dyah anom wijile | ingkang nama Ratu Kancana di | panênggaknya jawi | ugi nama Ratu ||

12. Pajagalan wijilira nênggih | nama Ratu Kulon | pamadyane Radèn Ayu Êlèr | sumêndhine putri saking Giri | sinungan wêwangi | Radèn Ayu Kidul ||

13. Dyan Ayu Lèr saking Surawèsthi | kinasihan katong | Mangunjaya iku atmajane | duk ing uni[25] kinèn amêjahi | mring rama sang aji | nanging tan linampus ||

14. pan linintu kang dipun pêjahi | dhumatêng sang anom | mrih lêgane kang rama galihe | ingumpêtkên wau sang lir Ratih | kadya dèrèng janji | ya ta kang cinatur ||

15. Radèn Ayu Êlèr tan mêdali | amung Ratu Kulon | apêputra jalu atmajane | Rahadèn Mas Sutikna wêwangi | warnanira pêkik | mangke diwasa wus ||

--- 79 ---

16. ingkang ibu sakalangkung asih | tan prabeda katong | dene putra tan ana tunggale | de ta garwa tan ana mêdali | Ratu Kulon nênggih | drêngki arubiru ||

17. lamun ana bobot para sêlir | miwah garwa anom | sinajanan ilang wawratane | nadyan sampun wawrat pitung sasi | yèn dèn sinajani | dumadakan runtuh ||

18. atmajendra Dyan Mas Sutiknèki | wus sinungan lunggoh | lan ingalih mangke jêjuluke | sinung nama Pangeran Dipati | Anom lênggah sabin | cacah gangsal èwu ||

19. pan ginadhang gumantya nrêpati | kunêng winiraos | Pangran Pugêr akathah putrane | kang wanodya pan amung kêkalih | kang jalu winarni | pitu kathahipun ||

20. pan têtiga putra kang wus lalis | datan winiraos | juga putri jalu kêkalihe | amung ingkang maksih kang winarni | mijil saking sêlir | sakawan kang jalu ||

21. putra èstri saking sêlir kalih | kang nama Bok Wadon | amêdali kêkalih putrane | Radèn Ayu Lêmbah kang wêwangi | jalu arinèki | ran Dyan Sudirèku ||

22. Bok Mas Kananga mêdali kalih | jalu bagus anom | Dyan Mas Mêsir nama pambajênge | arinira Dyan Mas Sam wêwangi | sêlir Bok Malathi | kalih putranipun ||

23. juga jalu sajuganya èstri | nênggih putra wadon | Radèn Ajêng Impun kêkasihe | putra jalu Radèn Mas Subêkti | saking garwa padmi | pan têtiga jalu ||

24. Dyan Mas [Ma...]

--- 80 ---

[...s] Surya kang sêpuh pribadi | Dyan Mas Sôngka anom | Rahadèn Mas Sudama wrujune | tiga pisan sami pêkik-pêkik | bagusira kadi | Kangjêng Nabi Yusup ||

25. pantêsira anèng suranadi | ingayap pra sinom | rama ibu sangêt ing asihe | putra tiga dadya woding galih | kunêng kang winarni | nênggih sang aprabu ||

26. wau lagya siniwakèng cèthi | dalêm Ratu Kulon | ingkang putra tinimbalan age | nênggih Kangjêng Pangeran Dipati | prapta ngarsa aji | pra nata mabukuh ||

27. ingkang ibu Ratu Kulon nuli | mrêpêki andhodhok | sarwi ngusap-usap ing putrane | wus diwaasa putraningsun gusti | sèstu milangoni | baguse sutèngsun ||

28. sigêg wau kangjêng sri bupati | kang anèng kadhaton | ya ta ingkang kawarnaa mangke | dutanira ing Sampang Dipati | Kartasura prapti | samana anjujug ||

29. mring Dyan Aya[26] Sindurêja Patih | gya binêkta saos | maring pura asowan sang rajèng | praptèng ngarsa rêkyana apatih | umarêk wotsari | suratira katur ||

30. wus tinampan dyan binuka aglis | têmbunge winaos | wus kadriya sagung surasane | angandika sang prabu mring patih | wangsulana nuli | kang manis ing têmbung ||

17. Dhandhanggula

1. wartanana ana mungsuh prapti | malah kongsi prapta jroning pura | têmahan dadi prang rame | rame prang mungsuh larud | nora ana ingkang ngudhili | mêngko parentah ingwang | dèn padha atugur |

--- 81 ---

iya padha abarisa | angantia têkane wadya Kumpêni | kang saka ing Japara ||

2. lah warahên aja mulih-mulih | padha enaka nèng pabarisan | patih sandika ature | tur sêmbah lèngsèr sampun | saking pura praptaning panti | lajêng akarya surat | pinaringkên sampun | kang duta tampi gya mêsat | tan winarna ing Gênthong lampahe prapti | tumama ing byantara ||

3. sampun tundhuk lan Sang Adipati | Cakraningrat duk miyat pustaka | sakalangkung pangungune | mangkana tan winuwus | laminira dènira baris | ing sabên-sabên warsa | ulubêkti katur | upêktine Surapatya | katur nata margi saking sang dipati | ing Sampang Cakraningrat ||

4. langkung dhêmit tan ana udani | Surapati yèn atur upêktya | duta mring Sampang jujuge | mangkana kang winuwus | nagri dalêm anandhang agring | wadya kèh sakit rumab | nanging nulya mantun | amung kantun larang pangan | Kartasura sarwa larang kang binukti | miwah wadya padesan ||

5. langkung putêk tyasira sang aji | dene nagri lagya abêbakal | kasandhung larang pangane | ya ta wau sang prabu | apinarak ing masjid alit | kang rayi ingandikan | Pangran Pugêr rawuh | ing ngarsanira sang nata | manganjali sang nata ngandika aris | dhimas kaparèng ngarsa ||

6. marmanira yayi ngong timbali | dene luwih putêke tyas ingwang | nagara larang pangane | angêrês sun angrungu | ing wartane sakèh wong cilik [ci...]

--- 82 ---

[...lik] | sun têmpuhakên sira | paran rèhirèku | adhi mas nagara Jawa | susahing wong mung sira kalawan mami | yayi kang katêmpuhan ||

7. yèn awèta larang kanang bukti | tanah Jawa ingsun lawan sira | adhi kang tiwas yêktine | nistha jênênging ratu | yèn nagara larang kang bukti | wong cilik kawlasarsa | akèh mangan gadhung | upama nora maria | ratu nistha dêlap jumênêng nrêpati | dadine tanpa ngrasa ||

8. yèn tan antuk pitulunging Widi | ing murahe pangan bumi Jawa | ingsun pamit mring dhèwèke | sun arsa nganyut tuwuh | merang mulat marang wong cilik | kang rayi matur nêmbah | dhuh pukulun sampun | lamun ulun maksih gêsang | pintên banggi manggih pitulunging Widi | kawula amit kesah ||

9. sri narendra angandika aris | hèh adhi mas ing sakhajatira | jinurunga ing Hyang Manon | kang rayi nêmbah mundur | mentar saking ngarsa sang aji | prapta ing dalêmira | Pangran Pugêr wau | wus asalin nyamping pêthak | paningsêtnya pêthak dhêstharira putih | rasukan jubah pêthak ||

10. tanpa dhuwung namung bêkta sêking | nyangking kêstul sarwi têkên jungkat | sampun kinandhut tasbèhe | pangran gya lumastantun | tanpa rewang namung pribadi | sangêt anamur kula | tan ana kang wêruh | yèn pakune ing rat Jawa | ka kapapag nèng marga datan sumingkir | dèn nyana santri kumpra ||

11. ngidul ngilèn dènira lumaris | analasak ngambah pasawahan | tan [ta...]

--- 83 ---

[...n] angambah dalan gêdhe | galêngan kang tinurut | têbêng-têbêng panas tumiling | lagya sawusing karya | kèndêl anèng gubug | ka darbe gubug pan lagya | bubuk sukêt tuton kang pindha tanya ris | niku damêl punapa ||

12. kang tinanya sigra anauri | sukêt tuton kawulangge sêga | jêng pangran angrês galihe | laju praptèng kapundhung | kèndêl anèng ngandhap waringin | apan nuju pasaran | kathah kang kadulu | wong adol jagung katela | gadhung walur pondhoh arèn lan karandhing | samya kinarya sêga ||

13. Pangran Pugêr alon amarani | sarwi tanya puniku punapa | bibi kang dika dol rane | bok bakul lon sumaur | gih punika ki bagus santri | sami bêbêk-bêbêkan | wi lan gadhung walur | daya yèn uwi pomahan | pan wi alas kang kula dol bagus niki | jêr arang wong sêsawah ||

14. Pangran Pugêr atêtanya malih | satompone bibi rêga pira | inggih gutuk nyatompone | jêng pangran lon amuwus | larang têmên ya talah bibi | iba rêgane bêras | bok bakul sumaur | sapithi rêga sangang wang | kadospundi yèn botên larang rêjêki | wong cilik tan sêsawah ||

15. pijêr wayang-wuyung milu jurit | para gusti kang darbe nagara | rêbut singgih lan kadange | iba ta laminipun | wong ing desa arang sêsabin | duk badhahing[27] Mataram | Pasampang rumuhun | malah mangke dèrèng karta | pan katutuh

--- 84 ---

kang darbe nagari prapti | prandene dèrèng arja ||

16. ingkang raka jurit lan kang rayi | Sunan Pugêr kang anèng Mataram | wong cilik ewuh atine | tanbuh lor tanbuh kidul | kidul gusti ing êlèr gusti | kewran tyase wong desa | dadi wayang-wuyung | nora pijêr asêsawah | lagi mangke ki bagus mari angili | lamine pra bêndara ||

17. ingkang raka atut lan kang rayi | Pangran Pugêr angêrês miyarsa | mèsêm kabêlêt gujênge | bok bakul nyêntak asru | basakêna ki bagus santri | ana wong tinuturan | andadak gumuyu | apa ta sira jêjawat | wus lumrahe wong santri kurang dêdugi | tan wruh ing tatakrama ||

18. dene iku warnanira sigit | bok iyaa nganggo tatakrama | gêguyu dudu muhrime | anom dhasarmu bagus | têka tinggal dugi prayogi | yèn sira kêrisana | pasthi kênèng siku | yèn ajaa santri sira | sun dhèdhèli mulane wong anom kaki | aja dhêmên sêmbrana ||

19. ngawulaa wruh ing tatakrami | yèn wus wêruh tatakrama benjang | bagus anyantria manèh | yèn anom nyantri iku | tuwa-tuwa lumakyèng kardi | saene tan tininggal | watêk santri gundhul | mumpung anom ngawulaa | yèn wus tuwa bagus anyantria maning | mbêk priyayi tan tinggal ||

20. dadi santri budine priyayi | yèn mangkono musthikaning janma | sêgêr dèn ombe uyuhe | rupamu

--- 85 ---

nom abagus | mung cacade isih anyantri | bok ya besuk yèn tuwa | dadi santri patut | gêlêma nèng wismaningwang | bagus santri ingsun saguh ngitik-itik | amuruk tatakrama ||

21. bagus santri wisma dika pundi | Pangran Pugêr alon saurira | kula bibi Kêdhung Gudèl | kinongkon kadang sêpuh | anglayari murahing pari | marma kalunta-lunta | bibi raganingsun | datan ana ingkang murah | saparane bibi larang bêras pari | kula gênti têtanya ||

22. pan ing pundi wismane si bibi | lawan sintên jênênge si paman | ing Padhas manira pantèn | karan anak katèngsun | Biyang Sumbing aran ngong iki | paman ta lagya kesah | mushapir mring Kudus | lamine wus pitung wulan | ngong watara pamanira baya modir | nèng paran tanpa warta ||

23. pamanira dhingin dadi modin | tinggal masjid angungkang balumbang | bêning tur cèkli langgare | yèn sêmbada ki bagus | ênggonana wus kari mlangkring | klasa anyar wus ana | prayoga ki bagus | yèn lumuh salat nèng langgar | pamanira tinggal pasalatan kalih | kang siji nèng jêromah ||

24. yèn pêtêngan pamanira wêdi | salat masjid sêmbahyang nèng omah | ingsun kang dadi makmume | lêgakna tyasirèku | payo mulih mring wisma mami | ywa susah dening pangan | ingsun darbe pantun | sawuwa saking Bahrawa | tuk mushapir jênate pamanirèki | mêngko rijêkinira ||

25. Biyang Cumbring [Cu...]

--- 86 ---

[...mbring] wuwuse minta sih | bagus santri ngenakana sarak | jêr santri iku sarake | sayêkti ingsun wêruh | lamun pamanira angaji | janji kang muni kitab | paman ta sumurup | sanadyan santria desa | kang liningan kèmêngan sigra nuruti | gih sakarsa andika ||

26. Biyang Cumbring nyêntak wong ningali | sira iki padha nonton apa | wong ngandhêg bojoku dhewe | jêr arsa lunga nglangut | sumarmane ingsun ngendholi | sarwi nata dagangan | kinukud abikut | jêng pangran kewran ing driya | kodhêng dhêngdhêng kapêtêngan de sinandhing | ingadhangan salendhang ||

27. Biyang Cumbring gya borong kuwèni | lan amborong kêmbang nganti rong wang | tan ketang larang rêgane | mangkana ciptanipun | sok tututa nèng wisma mami | ngong wêlêg dening pangan | besuk nora wurung | iya pangarah manira | jangkrik agung kalakona siring ati | mitra santri ngumbara ||

28. mendahane lêganing tyas mami | yèn kalakon anunggal saklasa | wong iki bagus rupane | lan wênês cahyanipun | baya besuk sugih rijêki | sarêng mangkat saksana | pangran atut pungkur | samarga awirandhungan | Biyang Cumbring lakune anolah-nolih | busananggung ngowahan ||

29. sarwi rasan ing samargi-margi | ingsun iki lawan pamanira | katêmu jaka prawane | rong taun ngêmban sunu | rada jêro ingsun mêtoni | umur sataun lagya | arinira [arini...]

--- 87 ---

[...ra] lampus | lamine mèh wolung wulan | ya mulane ingsun iki durung rapih | patine kadangira ||

30. duk maksihe pamanira kaki | nora kêna pisah ing sadhela | iya bagus lagi mangke | sapatine kadangmu | kongsi pisah mèh wolung sasi | duk pêpasihan ingwang | tan bênggang sarambut | amuwêl tan bêtah uwal | kaya buntut anggung gawe ambondhèti | saking gunging kasmaran ||

Catatan kaki:

1. Halaman cover sampai halaman 10 hilang. (kembali)
2. Jangrana (kembali)
3. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 12a, sêdya mêngsah mring nata datan mundura (kembali)
4. Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 7a, Rahadèn Sindurêja (kembali)
5. kang (dan di tempat lain) (kembali)
6. gêsang (kembali)
7. panggenannya (kembali)
8. junjung (kembali)
9. junjung (kembali)
10. sang (dan di tempat lain) (kembali)
11. kawarnaa (kembali)
12. Jakarta (kembali)
13. kumêndur (dan di tempat lain) (kembali)
14. tèjinira (kembali)
15. pirsa (kembali)
16. Sindurêja (kembali)
17. maksih (kembali)
18. Sengkalan: trus sirna pandhita iku (1709 A.J., 1782/83 A.D.). (kembali)
19. Kartasura (kembali)
20. sangsayèng (kembali)
21. ingong (kembali)
22. Lebih satu suku kata: kusumarsa mrêp puri (kembali)
23. Kurang satu suku kata: anêmbang têngara (kembali)
24. alit (kembali)
25. nguni (kembali)
26. Arya (kembali)
27. bêdhahing (kembali)