Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 053–069)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 001–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 013–030). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 031–043). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 044–052). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 053–069). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 070–086). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 087–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 104–120). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
9. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 121–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
10. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 138–153). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
11. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 154–172). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
12. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 173–189). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
13. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 190–206). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
14. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 207–224). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
15. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 225–241). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
16. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 242–258). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 02-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Babad Tanah Djawi No. 2.

Kasêrat babad ing tanah Jawi.

Ăngka 2.

Anyariyosakên awit sasedanipun Sultan Pajang, kagêntosan ingkang putra mantu, Adipati Dêmak, ngantos dumugi Martalaya kautus Kangjêng Sultan Agung Mêntaram, bêdhah nêgari Tuban, mawi kasêkarakên.

Ingkang nyaosi babonipun, wêdana ondêrsêtan Magêtan, Radèn Panji Jayasubrata.

Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan-tuwan: G.C.T. van Dhorêp en Ko, ing Sêmarang, Surabaya, (Ghavênhaghê), ing taun 1917.

--- 2 : [1] ---

Punika Sêrat Babad ing Tanah Jawi.

Ăngka 2.

Anyariyosakên awit sasedanipun Sultan Pajang, kagêntosan ingkang putra mantu, Adipati Dêmak, ngantos dumugi Martalaya kautus Kangjêng Sultan Agung Mêntaram, bêdhah nêgari Tuban.

Ingkang nyaosi babonipun, wêdana ondêrsêtan ing Magêtan (Radèn Panji Jayasubrata).

Kaêcap ing pangêcapanipun tuwan-tuwan: G.C.T. van Dhorêp en Ko, ing Sêmarang, Surabaya, (Ghavênhaghê). ing taun 1917.

--- 2: [2] ---

[...]

--- 2: [3] ---

Sêrat Babad ing Tanah Jawi

Ăngka 2.

53. Sinom[1]

1. kawarnaa nêgri Pajang | sasedanira sang aji | sawusira kangjêng sultan | sinarèkkên astanèki | nuju sawiji ari | ingkang pra sêntana kumpul | bupati myang sêntana | Sunan Kudus kang jênêngi | pêpak sagung ingkang para putra-putra ||

2. anèng jro kêdhaton Pajang | Sunan Kudus ngandika ris | dhumatêng para bupatya | utawi rêkyana patih | kabèh padha sun tari | mungguh putrane Sang Prabu | Sultan Pajang sedanya | sapa prayoga gumanti | jumênênga anèng nêgara ing Pajang ||

3. rêkyana patih turira | tuwin sagung pra dipati | prayogi kang gumantosa | yèn parêng karsa sang yogi | Pangran Bênawa Gusti | ingkang gumantosa ratu | sabab punika putra | jalêr wajib anggêntosi | Sunan Kudus alon dènira ngandika ||

4. kêlamun [kê...]

--- 2: 4 ---

[...lamun] Pangran Bênawa | ingkang gumantia aji | pan ora rêmbug manira | krana putra kang taruni | mungguh ta karsa mami | Dipati Dêmak puniku | prayoga gumantia | mring sultan ingkang wus lalis | nadyan iku putrane mantu mring sultan ||

5. sabab padha trah narendra | lawan garwane Dipati | Dêmak putranira sultan | ing Pajang kang wus ngêmasi | tur ta tuwa pribadi | dene Pangran Bênawèku | iku taha dadia | Dipati Jipang prayogi | kang minăngka warise Pangran Bênawa ||

6. Senapati ing Ngalaga | pan arsa nyambungi angling | sinaru dhatêng kang rama | Ki Juru alon dènnya ngling | hèh kulup Senapati | aja sira mèlu-mèlu | pan dudu wajibira | lawan sira tan tinari | ya ta kèndêl Senapati ing Ngalaga ||

7. rêkyana patih miyarsa | tuwin sagung pra dipati | sêdaya mangayubagya | têgêse jumurung sami | Dipati Dêmak aglis | tinarik mring Sunan Kudus | linênggahkên dhêdhampar | ingèstrèn sêdaya sami | Sunan Kudus asru dènnya angandika ||

8. hèh sakèhe wong ing Pajang | kawruhana dina iki | Dipati Dêmak sun angkat | jumênêng sri narapati | gêntèni lênggahnèki | maratuwa kang wus surud | anèng nêgara Pajang | yèn ana sulayèng kapti | têkakêna mumpung isih ana ingwang ||

9. sêdaya saur kukila | apan amung Senapati | ing driya sangêt ruditya | datan [da...]

--- 2: 5 ---

[...tan] milya amangsuli | netra kumukus andik | kadya rah wêdananipun | Ki Juru myat ing putra | asangêt bramatyanèki | ingkang putra jinawil lon binisikan ||

10. jêbèng aja salah cipta | pan dudu warisirèki | sira pan wus pinaringan | mring ramanira suwargi | iya tanah Mêntawis | aja sira mèlu-mèlu | wong padha sadulurnya | rêbut warise pribadi | Senapati tyas sarèh anut ing rama ||

11. Sunan Kudus angandika | Pangeran Bênawa kaki | tampanana nêgri Pajang | Pangran Bênawa wotsari | sandika aturnèki | nanging sakit galihipun | purunipun kapêksa | mring Jêng Sunan Kudus ajrih | jroning driya asangêt rudityanira ||

12. sêdaya sami bubaran | Senapati ing Mêntawis | lawan Ki Juru tan pisah | kundur dhumatêng Mêntawis | Ki Juru mituturi | dhatêng Senapati wau | thole Ki Senapatya | aja dahwèn sira kaki | gone rêbut kamuktèn padha kadangnya ||

13. sênajan iku kongsia | dadi aprang iya kaki | angur sira sidhêkaha | ngajèkna marang kang lalis | Senapati miyarsi | mring Kyai Juru miturut | kunêng ta ing Mêntaram | ing Pajang ingkang winarni | Adipati Dêmak wus gumantya nata ||

14. anèng nêgara ing Pajang | kathah babêktanirèki | saking ing nêgara Dêmak | wong Dêmak sami tut wuri | nèng Pajang wisma sami | punggawa Pajang sêdarum | kang sami gadhah lênggah | sabin sami [sa...]

--- 2: 6 ---

[...mi] dipun longi | sapratigan karsanipun sri narendra ||

15. pinaringkên abdinira | kang saking Dêmak tut wuri | kang para abdi sêdaya | pan sami jinunjung linggih | sapangkat-pangkatnèki | dene wadya Pajang wau | ingkang sami linongan | sêdaya lênggahing sabin | pra niyaka sami sakit manahira ||

16. prasami nuwun ing Suksma | rêsaha Pajang nêgari | têmahan nêgara Pajang | durjana kadya gumiris | begal kampake culing | kathah tilar wismanipun | ngalih dhatêng Mêntaram | wontên satunggaling mantri | pangalasan Pajang têmahan utusan ||

17. dhumatêng nêgri Mêntaram | atur wrin mring Senapati | ing mangke nêgari Pajang | asangêt rêsahirèki | sarta kathah turnèki | anggènira abêbangus | dhumatêng Senapatya | supados Ki Senapati | akarsaa bêdhah dhatêng nêgri Pajang ||

18. lajêng jumênênga nata | wontên ing pajang nêgari | Senapati lamun karsa | ambêdhah Pajang nêgari | kados samya jurungi | sêdaya suka ing kalbu | datan wontên sulaya | sêdyanira ingkang galih | wadya Pajang ing yuda balik sêdaya ||

19. biyantoni Senapatya | Senapati amangsuli | alon dènnya angandika | tutura mring mitra mami | pangalasan sung uning | ya bangêt tarimaningsun | pangandêle maring wang | nanging durung nyipta mami | kang mangkono dene yèn wis ana printah ||

20. saking [sa...]

--- 2: 7 ---

[...king] Rabul Ngalamina | kang agawe pati urip | aku yèn kinarsakêna | dadi narendra sayêkti | ngrusak ing Pajang gampil | rampung pangandikanipun | caraka nêmbah mentar | mantuk mring Pajang nêgari | wus kêpanggih lawan mantri pangalasan ||

21. wus katur sêdayanira | dhawuhipun Senapati | gantya ingkang kawarnaa | Pangeran Benawa nênggih | anèng Jipang nêgari | sakêlangkung amangun kung | tilar dhahar lan nendra | yèn dalu sare naritis | tan kauban kang pêpayone ing wisma ||

22. sawiji dalu pangeran | sakeca dènira guling | jro nendra apan supêna | kêpanggih kang rama swargi | pangeran angabêkti | sumungkêm ing pada nuwun | kang rama lon ngandika | babo putraningsun kaki | yèn sirarsa umadêg Narendra Pajang ||

23. anjaluka tulung sira | mring kakangmu Senapati | kang rama anulya musna | pangran kagèt wungu guling | kaèksi jroning guling | jêng pangeran pungun-pungun | kawarna enjangira | utusan dhatêng Mêntawis | Senapati dèn aturi dhatêng Jipang ||

24. umêsat ponang caraka | datan winurcitèng margi | wus prapta nêgri Mêntaram | tundhuk lawan Senapati | caraka manganjali | wus katur sawêlingipun | nênggih Pangran Bênawa | Senapati anauri | arum manis alon dènnya angandika ||

25. lah duta sira tutura | marang dhimas awak mami | dèn aturi

--- 2: 8 ---

marang Jipang | paran ta karyanirèki | kêlamun awak mami | iya dèn ajak angrêbut | marang nêgara Pajang | prakarèku aku suthik | wong rêbutan praja padha kadangira ||

26. ngong suthik mèlu-mèlua | jêr aku wis dèn paringi | praja dhewe mring jêng sultan | iki nêgara Mêntawis | pan dadi waris mami | wis matura ing gustimu | dhimas Pangran Bênawa | caraka nêmbah wotsari | sigra mentar umantuk dhatêng ing Jipang ||

27. tan winarna anèng marga | ing Jipang sêmana prapti | umarêk maring gustinya | sadhawahnya Senapati | katur sêdaya titi | Pangran Bênawa lingnya rum | mêngko sira balia | marang nêgara Mêntawis | umatura marang kakang Senapatya ||

28. yèn aku biyèn dèn wêkas | iya marang rama swargi | dikakake umanuta | apa barang sarèhnèki | kakang mas Senapati | wit iku gêgêntinipun | kangjêng rama suwarga | lan nêgara Pajang iki | sun aturkên marang kakang Senapatya ||

29. kakang êmas Senapatya | iya jumênênga aji | anèng nêgara ing Pajang | aku lila lair batin | kakang mas Senapati | iku putrane pêmbayun | ya maring kangjêng rama | pan wajib ingkang gêntèni | dadi Nata Pajang sapungkuring rama ||

54. Pangkur

1. yèn Dipati Dêmak dadya | Natèng Pajang gumanti rama swargi | nora rila jênêng ingsun |

--- 2: 9 ---

ngur sun nuli matia | bokmênawa si kakang lila patiku | pêsthi kêlamun kakang mas | iya nora anuruti ||

2. kang dadi paturan ingwang | lah ta uwis nuli mangkata aglis | kang dinuta sigra mundur | mêsat saking ngayunan | tan winarna ing marga pan sampun rawuh | anèng nêgara Mêntaram | lajêng marêk Senapati ||

3. sapraptanira ngayunan | atur sêmbah dhumatêng Senapati | Senapati ngandika rum | paran ta adhi êmas | duta matur wilujêng rayi pukulun | lampah kawula dinuta | ing rayi paduka gusti ||

4. sêdaya ingkang pitungkas | sampun katur dhumatêng Senapati | ing purwa wusana katur | Senapati miyarsa | sakêlangkung sukanya pênggalihipun | kêrasa sajro wardaya | wêlasnya dhatêng kang rayi ||

5. Senapati lon ngandika | yèn mêngkono karsane ari mami | nêgara ing Pajang iku | bakal sun têmu pèk iya |[2] umatura marang dhimas ariningsun | dhimas dhewe karsaningwang | katêmua lawan mami ||

6. lawan anggawaa bala | samêktane gêgaman ing ajurit | mêtua ing Gunung Kidul | aku bakal amapag | anèng kono caraka gya pamit mundur | lampahira gêgancangan | datan kawarna ing margi ||

7. wus prapta nêgari Jipang | lajêng marêk dhatêng ngarsaning gusti | manêmbah sigra umatur | purwa madya wusana | Senapati sêdayane dhawuhipun | Pangeran [Pa...]

--- 2: 10 ---

[...ngeran] Bênawa myarsa | ing dhawuhe Senapati ||

8. sakêlangkung sukèng driya | nulya undhang dhumatêng ingkang abdi | samêkta gêgaman pupuh | wus pêpak nulya budhal | Senapati sawadya saking Mêntarum | sêmana pan sampun bidhal | saking nêgari Mêntawis ||

9. Ardi Kidul kang sinêdya | kèndêl dhusun Wêru dènira nganti | anèng ing ngriku wus pangguh | lan Pangeran Bênawa | rêrangkulan onêngira kalihipun | sarêng dènira karuna | kèngêtan ingkang wus lalis ||

10. ya ta lajêng mêsanggrahan | anèng Wêru dalu agunêm kawis | dènirarsa mangsah pupuh | bêdhah nêgari Pajang | pan alami mêsanggrahan dhusun Wêru | datan pêgat tata-tata | gênti kawarnaa malih ||

11. wadyabala nêgri Pajang | ingkang lami sampun miyarsa warti | yèn Pangran Bênawa kumpul | kêlawan Senapatya | amakuwon sawadya nèng dhusun Wêru | sumêja ngrabasèng Pajang | wadya Pajang kathah balik ||

12. marang dhusun Wêru sowan | dhatêng gusti sêdaya dèn tampèni | dene ingkang maksih kantun | anèng nêgari Pajang | amung kantun bala saking Dêmak muhung | Pangeran Banawa lawan | ing Ngalaga Senapati ||

13. tumingal wadya ing Pajang | kathah ingkang sami sowan ambalik | langkung sukanirèng kalbu | panyiptaning wardaya | pan agampil nêgri Pajang bêdhahipun | Senapati angandika | nênggih dhumatêng kang rayi ||

--- 2: 11 ---

14. adhimas sarèhning wadya | bala Pajang wus kathah ingkang balik | samêkta sagamanipun | mênggah karsa manira | benjang enjang suwawi bidhal anglurug | angrabasèng nêgri Pajang | adhimas ingkang nindhihi ||

15. têlukan wadya ing Pajang | amêdala kori kang wetan yayi | kula lan tiyang Mêntarum | sêdaya ingkang mêdal | kori kilèn Pangeran Bênawa nuwun | sandika anglampahana | kakang mas dhawuh mring ari ||

16. kawarnaa enjing budhal | saking Wêru kang lampah dados kalih | lampahing gêgaman dulur | bandera warna-warna | yèn sinawang nèng marga asri kêlangkung | sigêgên ingkang lumampah | kawarnaa sang dipati ||

17. Dêmak ingkang madêg Pajang | ya ta wau miyarsa ingkang warti | yèn arsa pinrêp ing ripu | dhatêng Pangran Bênawa | lan kang raka Senapati ing Mêntarum | Dipati Dêmak parentah | dhumatêng kang abdi-abdi ||

18. sêdaya pêpak nèng ngarsa | angandika wau ta sang dipati | kabèh bocah-bocah ingsun | tukon Bugis Mêkasar | lan wong Bali dèn ngati-ati sirèku | kowe bakal takdu pêrang | karo kakang Senapati ||

19. sakèh dunya brananingwang | êmas picis iku gawenên benjing | mimis tamakêna iku | mring kakang Senapatya | sabab iku ing warta uwis misuwur | têguh sarta suraning prang | tan ana braja nêdhasi ||

20. lan sagunge wadyanira | wong Mêntaram têguh sartane wani | mulane

--- 2: 12 ---

yèn têmpuh besuk | yuda lan wong Mêntaram | anganggoa mimis kêncana puniku | supayane padha tatas | kang padha katiban mimis ||

21. lan besuk têmpuh ing aprang | kabèh iku ya bocah-bocah mami | aja na mundur ing pupuh | sapa kang mundur yuda | pêsthi padha anêmu siasat ingsun | sapa kang mundur ngayuda | pêsthi padha sun patèni ||

22. sabab kabèh sira padha | wus sun tuku wadya tumbasan sami | sêdaya sarêng umatur | gusti dhatêng sandika | sampun susah mêngsah prang tiyang Mêntarum | kula tinandhinga yuda | lan rakanta Senapati ||

23. sawusira pêparentah | sêdayane kinèn minggah prasami | ing balowarti sêdarum | lan tiyang saking Dêmak | ingkang sanès wadya tumbasan puniku | sêdaya wus sami minggah | dhatêng pêlataran biting ||

24. samêkta gêgamanira | sêdayane sampun sami miranti | tinggar tumbak towokipun | datan dangu sêmana | Senapati Ngalaga sawadyanipun | saking kilèn praptanira | lajêng kinarutug bêdhil ||

25. mimis tiba anglir udan | Senapati lawan sawadyanèki | prasami atêguh timbul | tan pasah ing tiksara | mimis luluh tumiba ing badanipun | busanane datan pasah | katibanan dening mimis ||

26. ngeca-eca lampahira | sampun prapta wau nulya mrêpêki | biting kitha ingkang luhur | tan ajrih binêdhilan | Senapati anitih turaganipun[3] | kuda [ku...]

--- 2: 13 ---

[...da] ulêse purnama- | sada pêparabing wajik ||

27. anênggih pun bratayuda | kadhawahan mimis datan nêdhasi | datan busik wulunipun | mimis kadya pêrada | ponang kuda sinawang sangsaya bagus | lir pinrada gêbyar-gêbyar | saking kathahipun mimis ||

28. kang tumèmplèk ing turăngga | samya luluh anglir pendah gulali | kadya malih ulêsipun | wau ponang turăngga | yèn sinawang lir ulês dhawuk atutul | mimis ingkang tibèng jaja | lir cêplok sêkar mêlathi ||

29. mêwahi ing pantêsira | saya bagus sinawang lir Setyaki | suraking êjin gumuruh | anèng ing awang-awang | sami tulung Senapati yudanipun | Senapati angandika | asru pamêdharing angling ||

30. hèh kabèh wong tukon sira | aja sira padha kêpati-pati | gonira apêrang pupuh | ingkang karêbut apa | kowe kabèh padha nora mèlu-mèlu | iya aduwe prakara | angur lumayua sami ||

31. yèn wus mênang gonku pêrang | sira besuk sun mardikakkên sami | sêdaya sami angrungu | sagung wong têtumbasan | sigra mêdhun sêdaya sami lumayu | atilar gêgamanira | sêdaya mundur ing jurit ||

55. Durma

1. Senapati lawan sawadya Mêntaram | lampahnya sampun prapti | kori galedhegan | kang kilèn panggih lawan | wong ing Dêmak ingkang

--- 2: 14 ---

baris | anèng gledhegan | sagunge para mantri ||

2. Pajang ingkang dadya têtindhihing yuda | Ki Gêdhong sarta kanthi | wadyabala Dêmak | Senapati ngandika | sanak ingsun jaluk kori | dèn wêngakêna | wong Dêmak tan mêngani ||

3. Kyai Gêdhong myarsa wong Dêmak saurnya | lajêng kurdha mawêrdhi | ngamuk mring wong Dêmak | kang sami jaga lawang | gègèr wadya têngga kori | kathah kang pêjah | sakarine kang mati ||

4. tambuh-tambuh solahira jang-tinunjang | têmah lumayu gêndring | bubar wadya Dêmak | lumayu ngungsi gêsang | nulya binuka kang kori | Ki Gêdhong sigra | wau ta Senapati ||

5. sampun prapta anèng salêbêting lawang | lawan Ki Gêdhong panggih | Ki Gêdhong sêksana | ngabêkti ngaras pada | Senapati ngandika ris | dhuh sanak ingwang | akèh piutang mami ||

6. marang sira abangêt panrima kula | mangke kula prajangji | besuk turun dika | ywa nganti pisah-pisah | lawan turun kula benjing | padha mèlua | mukti nèng tanah Jawi ||

7. lamun lara inggih ta padha mèlua | Ki Gêdhong amiyarsi | alon aturira | sangêt panuwun kula | dhuh gusti kawula amit | arsa ngamuka | mring wadya Pajang sami ||

8. wadya Dêmak kang sami baris punika | nèng alun-alun sami | alon angandika | Senapati Ngalaga | kisanak kula lilani | mung wêling kula | dika dèn ngati-ati ||

9. ya ta nêmbah

--- 2: 15 ---

Ki Gêdhong mundur sêksana | lajêng ngamuk mangarsi | mung lawan curiga | tandange kadya singa | tênaya ngupaya bukti | kinrocok kathah | Ki Gêdhong angêmasi ||

10. kawuningan dhumatêng Ki Senapatya | Ki Gêdhong angêmasi | sangêt pangungunnya | alon dènnya ngandika | hèh Ki Gêdhong jênêng mami | lan pêkênira | iya pan durung nganti ||

11. malês ing sih sungkêmira marang ingwang | wau ta Senapati | anulya sêksana | sumungkêm kêpuh sigra | fanaul pana kang galih | Ki Senapatya | lir mati jroning urip ||

12. Senapati pamintanira Hyang Suksma | unggula ing ajurit | nêkung sêmèdinya | prapta angin prahara | awor udan riwis-riwis | tăndha katrima | mring Suksmana Kang Luwih ||

13. ingkang baris nèng alun-alun sêdaya | bingung ngamuk ing jurit | aprang sami rowang | wus kathah ingkang pêjah | pêngrasane Senapati | mangsah ngayuda | lajêng lumayu sami ||

14. bubar larut wadya Dêmak Pajang samya | tan sêdya măngga pulih | sangêt ajrihira | dhumatêng Senapatya | Ki Juru sarêng ningali | anulya inggal | wau dènnya murugi ||

15. mring ênggène Senapati ing Ngalaga | sarwi anitih wajik | prapta ênggènira | Senapati Ngalaga | sumungkêm kêpuh pan maksih | Ki Juru sigra | asru panyêluknèki ||

16. Senapati Ngalaga sira tangia | aja katungkul kaki | angantuk nèng kuda | apa lali yèn yuda |

--- 2: 16 ---

Senapati duk miyarsi | Ki Jru dhawuhnya | kagèt anulya tangi ||

17. lon umatur Senapati mring kang rama | tiyang Dêmak kang baris | nèng lun-alun ika | mubêng têpung kalangan | ing samangke wontên pundi | Ki Juru lingnya | wis padha bubar kaki ||

18. pan lumayu tambuh mau paranira | Kyai Juru lon angling | kulup ayo padha | banjur malêbèng kutha | Dipati Dêmak saiki | kiraku iya | wus bangêt gone wêdi ||

19. nora wani jêbèng mapag ing ayuda | Senapati nulya glis | têdhak saking kuda | lajêng lumampah dharat | dènira umanjing puri | Ki Juru lingnya | ya gene sira kaki ||

20. têka mudhun saking ing wahananira | rak iya luwih bêcik | maksih nunggang jaran | Senapati aturnya | mila ngong mudhun sing wajik | ing pagêlaran | kêlawan ing sitinggil ||

21. tilasipun pinarakaning Jêng Sultan | Pajang ingkang suwargi | Ki Juru sêksana | nulya mudhun sing kuda | lampahira sampun prapti | kori sapisan | garwanira Dipati ||

22. Dêmak putranira Kangjêng Sultan Pajang | inggal mêthuk ing kori | anungkêmi pada | matur sarwi karuna | adhuh kakang Senapati | rayi sampeyan | bojo kula Dipati ||

23. Dêmak mugi kakang sampun pinêjahan | Senapati duk myarsi | aturing sang rêtna | asangêt wêlasira | sarta ningali kang rayi | raosing driya | lir winuluh [winu...]

--- 2: 17 ---

[...luh] tyasnèki ||

24. kasok trisna kèmutan ingkang suwarga | Senapati lingnya ris | wis yayi mênênga | aja sira karuna | bojomu tan sun patèni | mung karsaningwang | kapoka bae yayi ||

25. sabab gone dadi ratu anèng Pajang | pan ora bênêr yayi | dene ta samangkya | kêlamun bojonira | wus ngrasa kalah lan mami | lah yayi mara | jakên marang sitinggil ||

26. lan bandanên pratandhane yèn wus kalah | gone prang lawan mami | Senapati sigra | lawan Ki Juru têdhak | prapta lênggah ing sitinggil | lan ingkang rama | Ki Juru Amartani ||

27. wau Pangran Bênawa sabalanira | wus prapta ing sitinggil | ya ta kawarnaa | lampahira sang rêtna | garwane Sang Adipati | Dêmak punika | kang manjing maring puri ||

28. sampun panggih lan Dipati Dêmak nulya | wau ta sang dipati | lajêng pinusara | dening cindhe puspita | anulya binêkta aglis | mring sitibêntar | ginêrbêg para cèthi ||

29. lan kang garwa wau ta Dipati Dêmak | praptane ing sitinggil | anulya binêkta | ngarsane Senapatya | tumungkul dènira linggih | Dipati Dêmak | wirang kaworan ajrih ||

30. jajar lawan kang rayi Pangran Bênawa | nèng ngarsa Senapati | ya ta lon ngandika | Senapati Ngalaga | mring Dêmak Sang Adipati | kêraton Pajang | kinanthi kang gumanti ||

56. Kinanthi

1. apan [a...]

--- 2: 18 ---

[...pan] ta dudu warismu | dene ingkang duwe waris | yayi mas Pangran Bênawa | iku yogya anggêntèni | mring jêng sultan kang wus swarga | mungguh warismu pribadi ||

2. ing Dêmak mulane iku | samêngko parentah mami | kowe tumuli muliha | marang ing Dêmak dèn aglis | hèh wong ingsun ing Mêntaram | padha ngatêrna sirèki ||

3. mring Dipati Dêmak iku | nanging ta parentah mami | bandane Dipati Demak | aja ta sira uculi | tunggangna tandhu kewala | pikulên wong anèng margi ||

4. besuk yèn wis têka iku | ana ing Dêmak puniki | ya bandane uculana | sandika wadya Mêntawis | ya ta Sang Dipati Dêmak | sagarwa putranya sami ||

5. ingangkatakên sêdarum | tinandhu sang adipati | datanapi garwanira | gêgaman angapit-apit | kering kanan wuri ngarsa | ingkang sami anjajari ||

6. kunêng gantya kang winuwus | kang anèng Pajang nêgari | Senapati ing Ngalaga | lan Pangran Bênawa nênggih | tuwin ingkang wadyabala | lajêng kasukan prasami ||

7. dènnya suka-suka nutug | wantu mêntas mênang jurit | nutugkên sakarsa-karsa | sasuka-sukanya ngênting | ya ta Pangeran Bênawa | matur dhatêng Senapati ||

8. kakang êmas atur ulun | sampeyan jumênêng aji | wontên ing nêgari Pajang | gumantos jêng rama swargi | sabab kakang mas sampeyan | putra kang sêpuh pribadi ||

9. lila lair batos ulun |

--- 2: 19 ---

kakang mas jumênêng aji | kawula trima nyatriya | punapa malih kang warni | dunya brana tilarannya | rama paduka suwargi ||

10. kawula sumanggèng kayun | sakarsa kang mas suwawi | amba inggih tan rumăngsa | andarbèni kang brana di | măngsa borong jêng paduka | Senapati ngandika ris ||

11. yayi mas tarima ingsun | prasêtyanta marang mami | ya bangêt panêdhaningwang | pangandêlira ing mami | nging pun kakang datan arsa | gumantya jumênêng aji ||

12. anèng Pajang madêg ratu | yayi ngong arsa dadya ji | anèng praja ing Mêntaram | sabab puniku ta yayi | pêparinge kang suwarga | winariskên marang mami ||

13. lan wus pêsthine Hyang Agung | besuk ing saturun mami | padha jumênêng narendra | gêdhe nèng praja Mêntawis | dene kang umadêg Pajang | yayi mas jênêngirèki ||

14. ingkang sun adêgkên ratu | gêntèni jêng rama swargi | mung yayi kang rupa barang | tilarane kang suwargi | yayi mas pun kakang têdha | gong sêkar dalima yayi ||

15. kêndhali si macan guguh | lawan cêkathakan yayi | si jênthayu ingsun têdha | la panunggalane maning | ingkang warna bêbêrkatan | Pangran Bênawa wotsari ||

16. sumăngga karsa pukulun | paran kang tuwan karsani | sêksana anulya bubar | lumêbêt manjing ing puri | Pangeran Bênawa lawan | ingkang raka Senapati ||

17. ing dalu datan winuwus | ya ta kawarnaa enjing | sagunge ing babêrkatan | ingkang kina-kina [ki...]

--- 2: 20 ---

[...na-kina] sami | winêdalakên sêdaya | saking salêbêting puri ||

18. rinukmi sêdayanipun | arsa binêktèng Mêntawis | Senapati ing Ngalaga | rampunge dènnya ngruktèni | sagunge kang babêrkatan | lajêng mêdal saking puri ||

19. Pangran Bênawa tut pungkur | pagêlaran sampun prapti | Senapati ing Ngalaga | pinarang ing dhampar gadhing | kasur babut lèmèkira | ki patih myang pra dipati ||

20. mantri prameya supênuh | ulubalang tăndhamoi | prajurit para satriya | pêpak andhèr anèng ngarsi | Senapati cahyanira | mêncorong lir pendah sasi ||

21. Pangeran Bênawa lungguh | sandhing lawan Senapati | Senapati angandika | mring sagunge kang sumiwi | kabèh padha sêksènana | ing samêngko ari mami ||

22. Pangeran Bênawa iku | jumênênga narapati | anèng nêgara ing Pajang | gêntèni kang rama swargi | sêdaya ingkang sumewa | apan sami saur pêksi ||

23. kêlangkung sangêt jumurung | ing karsa paduka gusti | sêdaya para nayaka | wêwah jrih mring Senapati | sêdaya botên anyana | ing karsane Senapati ||

24. yèn Pangran Bênawa iku | ingkang dèn dêgakên aji | Senapati angandika | dhumatêng kang rayi aris | yayi prabu ngong pitungkas | mungguh wong umadêg aji ||

25. ing siyang dalu dèn emut | aja pêgat ngati-ati | lan yayi muriha sira | duwe

--- 2: 21 ---

wong tigang prakawis | ingkang rumiyin pandhita | kang sampun sampurnèng budi ||

26. lawan malih wong kang ahlul | ngèlmu falak iladuni | falakiyah kaping tiga | wong kang ahli tèki-tèki | lamun yayi sungkawèng tyas | amranata mring nêgari ||

27. pandhita andika tantun | lamun yayi arsa uning | ingkang dèrèng kêlampahan | dangua maring wong ahli | ngèlmu falak falakiyah | ramal miwah iladuni ||

28. yèn yayi arsa pinunjul | prawira kunthara sêkti | andangua yayi marang | uwong ingkang ahlul tèki | Pangeran Bênawa nêmbah | anuwun langkung kapundhi ||

29. timbalanipun kang dhawuh | kacadhong ing asta kalih | kapêtêk wontên mustaka | kacangcang pucuking wèni | mugi ta kang mas dadosa | jimat paripih ing ari ||

30. lumêkêta ing jêjantung | ya ta wau Senapati | alon dènnya angandika | yayi kula nuwun pamit | badhe mantuk mring Mêntaram | Natèng Pajang atur bêkti ||

31. cinêndhak rêroncenipun | sigra budhal Senapati | lan sawadyabalanira | kundur dhumatêng Mêntawis | sampun prapta ing Mêntaram | kasmaran jumênêng aji ||

57. Asmaradana

1. kunêng ing Pajang nêgari | gantya malih winurcita | ing Mêntaram winiraos | Senapati ing Ngalaga | karsa jumênêng nata | anèng praja ing Mêntarum | nanging ta jêjulukira ||

2. maksih

--- 2: 22 ---

namanira lami | Panêmbahan Senapatya | ing Ngalaga sêbuting wong | sêmana sawiji dina | Senapati sewaka | nèng pagêlaran supênuh | bupati măncanêgara ||

3. tuwin sagung para ari | Kyai Juru datan têbah | kêlangkung asri yèn tinon | lir pendah giri kusuma | prabane kang busana | Senapati ngandika rum | hèh wadyaningsun samoa ||

4. sarupane wong Mêntawis | rungunên parentah ingwang | Ki Jurumartani mangke | manira kula wisudha | ngong junjung lungguhira | mari nama Kyai Juru | Adipati Măndaraka ||

5. iku namine samangkin | lan maninge ariningwang | yaiku Rahadèn Tompe | ingong parabi Pangeran | Tumênggung Gagakbaning lan |[4] Radèn Santri ariningsun | samêngko sun angkat nama ||

6. aran Pangran Singasari | Radèn Jambu ariningwang | iya iku pêparabe | Pangran Mangkubumi miwah | putra ngong ingsun angkat | Radèn Răngga wastanipun | punika atmaja tuwa ||

7. sêlire jêng sultan nguni | Pajang saking Kalinyamat | ginadhuhakên dhingine | dhatêng Ki Agêng Mêntaram | kang rama Senapatya | punika lajêng rinêngkuh | dhumatêng Ki Senapatya ||

8. mêdali jalu satunggil | diwasa langkung prawira | datanpa sami bobote | digdaya têguh tur rosa | watêknya panasbaran | kang asta cêngkiling tuhu | tan kenging kasasra [kasa...]

--- 2: 23 ---

[...sra] ngujar ||

9. kêlamun nampiling janmi | sirah rêmuk polo muncrat | satêmah wongira layon | ya ta wontên wong nênêka | saking Bantên asalnya | milane prapta Mêntarum | sumêdya angayonana ||

10. prawirane Senapati | sarêng prapta ing Mêntaram | Radèn Răngga myarsa wartos | ya ta lajêng pinanggihan | sêmana sampun panggya | Radèn Răngga têtanya sru | hèh sanak ingkang nênêka ||

11. paran sêdyanta mariki | lan ing ngêndi asalira | kang tinanya lon saure | sira tanya asal ingwang | saking Bantên manira | dene sêdyaningsun rawuh | anèng nêgara Mêntaram ||

12. mapan arsa angayoni | prawirane Senapatya | kagila-gila loking wong | Radèn Răngga duk miyarsa | jaja bang winga-winga | padoning lathi kumêdut | mangondar-andir kang netra ||

13. pangandikanira wêngis | yèn mangkono sêdyanira | nora susah sira mangko | angayoni kangjêng rama | ingsun bae wus kêlar | amêthuka mring sirèku | anadhahi sêdyanira ||

14. kaya tan cuwa sirèki | apa dadi sêdyanira | wong Bantên sugal wuwuse | dene ta nora kêjamak | kaya wong dhewe lanang | tadhahana ingsun suduk | Radèn Răngga angandika ||

15. payo tibakêna aglis | ingsun tadhahane dhadha | wong Bantên anulya age | sêbrak anarik curiga | sêksana [sêksa...]

--- 2: 24 ---

[...na] linarehan | Rahadèn Răngga gumuyu | sinudukan eca-eca ||

16. saksana sigra nampiling | wong Bantên kêna dhasira | rêmuk dhas muncrat polone | lajêng ambruk anèng kisma | ăngga têmah palastra | anèng ing siti ngalupruk | Radèn Răngga sigra kesah ||

17. mangkana alami-lami | kapirêng dhatêng kang rama | Senapati sru dukane | ananging datan kawêntar | kang putra tinimbalan | sapraptanira ing ngayun | manêmbah angaras pada ||

18. Senapati ngandika ris | kulup pawartaning jaba | sirèku luwih kuwate | payo sun arsa uninga | lah mara jêmpol ingwang | sikil ingkang kiwa kulup | payo putungên yèn bisa ||

19. Radèn Răngga manganjali | uparêk ngarsaning rama | anyandhak jêmpol sikile | Senapati langkung kagyat | rasakna jêmpolira | lir sinumêt gêni murub | nulya kinipatkên sigra ||

20. malêsat pan kadi mimis | sarirane Radèn Răngga | ing pagêr bata kêtanggor | tan gawêr kang pagêr bata | bolonge sêdhêng janma | praptèng jawi langkung ngungun | sakêlangkung wirangira ||

21. dhumatêng tiyang Mêntawis | jroning tyas sangêt rudetya | anulya purik sêdyane | dhumatêng Pathi karsanya | kang rama amiyarsa | kinèn nututi kang sunu | tinimbalan awangsula ||

22. caraka ingkang nututi | kêpanggih anèng ing marga | lajêng nungkêmi padane [pada...]

--- 2: 25 ---

[...ne] | pinipit ing pupu pêjah | laju ing tindakira | Rahadèn Răngga wus rawuh | anèng ing Pathi sêmana ||

23. sang adipati ing Pathi | pinuju lênggah paseban | sangajênge pasebane | ngriku mapan wontên sela | agêngira kalintang | sang adipati andulu | lamun Radèn Răngga prapta ||

24. kang putra ingawe aglis | Radèn Răngga lampahira | anglêrês wau pêrnahe | datan arsa anyimpanga | ingidak ponang sela | malêdug pan dadya awu | cingak sagung kang tumingal ||

25. sêdaya eram wong Pathi | sapraptanira ngayunan | lajêng ngabêkti rahadèn | dhumatêng ing pamanira | Adipati Bêrgola | Dipati Pathi ling arum | hèh ta kulup abagea ||

26. Radèn Răngga awotsari | kapundhi ingkang timbalan | sang dipati ngandika lon | ramanta sri naranata | miwah kadang samoa | apa ta padha rahayu | Radèn Răngga matur nêmbah ||

27. jêng paman inggih basuki | sêdaya sami raharja | sang dipati bubar age | anênggih saking paseban | ingkang putra binêkta | malêbêt sajroning kêdhatun |[5] langkung sukanirèng driya ||

28. sagung wadyabala Pathi | tan wontên ingkang puruna | ajrih asih ing batine | wusira ngalama-lama | wau Rahadèn Răngga | kundur dhumatêng Mêntarum | lampahira anèng marga ||

29. Radèn Răngga aningali | janma tapa mung satunggal [sa...]

--- 2: 26 ---

[...tunggal] | nèng kayu kamal asèndhèn | sêksana lajêng cinandhak | sigra sinêmpal-sêmpal | kunarpa musna pan sampun | Radèn Răngga myarsa swara ||

30. hèh Răngga dèn ngati-ati | nora suka awak ingwang | sira sikara maring ngong | pan ingsun ora adosa | maring ing jênêngira | besuk ingsun malês ukum | maring sira soring kamal ||

58. Sinom

1. musnane ingkang suwara | Radèn Răngga gya lumaris | tan winarna anèng marga | sampun prapta ing Mêntawis | lajêng marêk ing ngarsi | kang rama sarêng andulu | Senapati Ngalaga | tumingal kang putra prapti | gya ingawe Radèn Răngga praptèng ngarsa ||

2. manêmbah angaras pada | Senapati ngandika ris | kulup sira gêgurua | eyangmu Jurumartani | supaya wuwuh kaki | kaprawiran digdayamu | miwah kawignyanira | Radèn Răngga matur aris | gih sandika jêng rama dhawuh paduka ||

3. nêmbah lèngsèr saking ngarsa | sumêja lajêng lumaris | mring Ki Juru wismanira | nèng marga usiking galih | sun iki wus ngluwihi | sêsama-samèng tumuwuh | măngka ta kangjêng rama | dhawuh marang awak mami | ingong kinèn anggêguru marang eyang ||

4. Jurumartani ya apa | kang tak gurokakên iki | sêmune kurang pracaya | dhawuhe kang rama nênggih | lampahe sampun prapti | ing wismane Kyai Juru | Ki Juru

--- 2: 27 ---

apan lagya | salat anèng masjid alit | Radèn Răngga lajêng lênggah anèng jaba ||

5. masjid ngangge dhak-undhakan | sela sumayana langking | ponang sela cinublêsan | nênggih kêlawan dariji | mring Radèn Răngga mangkin | ponang sela langkung êmpuk | dadya kathah dhêkoknya | labêt cinublês dariji | Kyai Juru bakda salat Luhur mêdal ||

6. sapraptanira ing jaba | kagèt wau aningali | mring kang wayah Radèn Răngga | sela gilang dèn cublêsi | Ki Juru lingira ris | kulup Răngga iku watu | sira cublêsi tangan | pêsthine atosa iki | ponang sela lajêng atos sanalika ||

7. cinublês driji tan pasah | Radèn Răngga siking galih | bênêr dhawuhe jêng rama | kinon anggêguru mami | sih ana kang ngluwihi | iya kaprawiraningsun | nanging yang Juru mringwang | sikarane angluwihi | ingsun têdha besuk lamun apêputra ||

8. ya kithinga drijinira | Radèn Răngga linging galih | nanging ta kinapakêna | wong anom sênadyan luwih | mapan durung ngungkuli | marang ingkang sêpuh-sêpuh | kasêktèn lan liyannya | Radèn Răngga gya ngabêkti | adhuh eyang kawula nyuwun piwulang ||

9. kadigdayan kanuragan | utawi ngèlmu liyaning | Kyai Juru sigra mulang | akathah piwulangnèki | dhatêng kang wayah nênggih | Radèn Răngga nulya mantuk | lênggah soring mandera |

--- 2: 28 ---

wringin urung ing Mêntawis | karsanira Radèn Răngga mêng-amêngan ||

10. sela itêm gêng sadandang | sakêndhil kinarya singgli | kang sela kathah kasangsang | anèng sanginggil waringin | kunêng ingkang winarni | anênggih Kiyai Juru | malêbêt ing jro pura | kêpanggih lan Senapati | pinanggihan anèng ing sanggar langgatan ||

11. eca sami tata lênggah | Ki Juru aturnya aris | Senapati putraningwang | aja katungkul ing galih | beka rêncana wuri | ing sapungkurira iku | putranira Si Răngga | iku dadi beka kaki | lamun iku sira adêgakên nata ||

12. anak kharam nora kêna | anyurêm ing praja adi | lamun tan sira adêgna | gumanti marang sirèki | sapa kêlar nadhahi | kaprawiraning prang pupuh | putranta kang gumantya | anèng praja ing Mêntawis | pêsthi susah gonira umadêg nata ||

13. Senapati aturira | lah ta paman kadipundi | kang dados prayoganira | wayah ta pun Răngga nênggih | Ki Juru turira ris | iku yèn sêmbadèng kayun | ya bêcik pasrahêna | marang garwanira kaki | Nyi Ra Kidul măngsa bodhoa ing kana ||

14. Senapati amiyarsa | ature kang paman nênggih | wusana alon ngandika | dhuh paman inggih prayogi | Ki Juru pamit mulih | Senapati lajêng kundur | anèng sanggar langgatan | maladi sêmèdi êning | têngah dalu prahara gung ingkang prapta ||

15. ing tawang [ta...]

--- 2: 29 ---

[...wang] swara gumêrah | warni-warni kang kapyarsi | sirêpe ponang suwara | kawarnaa kangjêng nyai | panggih lan Senapati | nèng langgar sanggapan[6] sampun | langkung onêng-onêngan | wusira tata alinggih | Senapati alon dènnya angandika ||

16. nimas marmane sun undang | prakara sutanirèki | Si Răngga puniku dadya | rasane wardaya mami | bok ta sapungkur mami | puniku dadi pakewuh | măngsa bodhoa sira | Nyi Ra Kidul matur aris | yèn mêkatên ingkang dados karsa tuwan ||

17. kawula dhatêng sandika | tuwan dèn sabar ing kapti | inggih ta măngsa lêpata | Nyi Ra Kidul nulya pamit | kanthèn asta umijil | praptèng jawi ngaras suku | lajêng mumbul ngakasa | kang swara umung mêlingi | prahara gung gumuruh swaraning tawang ||

18. kunêng ta ngalama-lama | anênggih ingkang winarni | ing wana tanah Patholan | wontên naga gung nglangkungi | galak sring măngsa janmi | malah malêbêt ing dhusun | tuwin ing marga-marga | tan kêna janma kaèksi | gya minăngsa miwah ingkang sato kewan ||

19. giris sagung wong ing desa | kang naga lamun binêdhil | angakak cangkême mangap | mimis datan anêdhasi | têmah katur sang aji | Senapati ngandika rum | lah payo timbalana | Radèn Răngga putra mami | tan adangu kang ingagnyan sampun prapta ||

20. Senapati angandika [a...]

--- 2: 30 ---

[...ngandika] | hèh ta Răngga putra mami | kulup ing tanah Patholan | ana têksaka gung luwih | asring mêmăngsa janmi | gawe susah mring wong dhusun | măngsa bodhoa sira | Radèn Răngga awotsari | sigra lèngsèr saking ngarsane kang rama ||

21. Panembahan Senapatya | pangandikanira aris | hèh Suranata nusula | Si Răngga salakunèki | nanging aja kêtawis | gawaa samêktanipun | bandhusaning satriya | sakancamu kêtib modin | atur sêmbah Suranata gya lumampah ||

22. kunêng wau lampahira | Radèn Răngga kang winarni | lampahira sampun prapta | ing tanah Patholan nuli | maring gèn naga nênggih | têksaka sarêng andulu | dhumatêng Radèn Răngga | angadêg wulunirèki | netranira apan kadi surya kêmbar ||

23. untune lir kapurancang | pêthite buntut kumitir | swarane ngakak kadya grah | solahira gêgilani | wisanira kang mijil | kumukus saingga pêdhut | Rahadèn Răngga miyat | tyasira datan gumingsir | sigra mêrpak têksaka galak tandangnya ||

24. sinaut Rahadèn Răngga | lambunge cukup ngingkêmi | pinulêt buntut kang ăngga | kang naga molah mawêrdi | Radèn Răngga tan osik | gya cinandhak cangkêmipun | kang nginggil asta kanan | ingkang ngandhap asta kering | gya sinuwak sigar byak angganing naga ||

25. sarpa mati kapisanan |

--- 2: 31 ---

Radèn Răngga kang winarni | sapêjahe kang têksaka | lêsu lupa sarirèki | sumaput tingalnèki | seda kunduran sang bagus | Suranata gya prapta | gya pinaripurna aglis | wus sampurna sinarèkkên ing astana ||

26. kunêng gênti winurcita | Panembahan Senapati | tulus mukti awibawa | anèng praja ing Mêntawis | putranya Senapati | sampu[7] sanga kathahipun | pêmbajêng Radèn Răngga | ingkang sampun angêmasi | ingkang rayi Pangran Pugêr aranira ||

27. katiga Pangran Purbaya | sêkawanipun anami | Jêng Pangeran Jayaraga | gangsale ingkang wêwangi | Pangran Juminah nênggih | putra kang kaping nêmipun | nama Panêmbahan Krapyak |[8] duk kala timurirèki | sinung nama anênggih Radèn Mas Jolang ||

28. punika ginadhang-gadhang | jumênêng Natèng Mêntawis | sapta Pangran Pringgalaya | putra kawolunya èstri | mapan ta sampun krami | kakungira sang rêtna yu | pêparapira Radyan | Dêmang ingkang Tanpanangkil | sanganipun anênggih mêdal wanodya ||

29. punika pan krama angsal | Pangran Têpasana nênggih | Ki Juru Martani wusnya | jinunjung wau kang linggih | lênggahira Dipati | Măndaraka wastanipun | kunêng malih winarna | ing Pajang mangke winarni | Kangjêng Sultan Bênawa madêg narendra ||

30. wontên ing nêgari Pajang | sawêg jumênêng sawarsi | kangjeng sultan lajêng seda | karsanipun Senapati | Pangeran [Pange...]

--- 2: 32 ---

[...ran] Gagakbaning | ingkang tinanêm ing ngriku | nama Dipati Pajang | wadya Pajang sêdayèki | sami suyud ing driya andhandhanggula ||

59. Dhandhanggula

1. langkung ajêg parentahnya adil | nanging datan karsa nganggènana | sultan lami kêdhatone | mangetan ingsêripun | pagêr kitha ingêlar mangkin | ing ngriku wontên makam | mukmin sangkanipun | nênggih saking tanah Ngarab | pan kalêbêt anèng sajroning cêpuri | kapêndhêt sawabira ||

2. kitha Pajang ing mangke pêsagi | botên lami wau Jêng Pangeran | Gagakbaning lajêng layon | kapêtak ing Mêntarum | nêgri Pajang ingkang gumanti | putranipun pangeran | nênggih wastanipun | anama Pangeran Pajang | kunêng Pajang kawarnaa ing Mêntawis | Senapati Ngalaga ||

3. apinarak anèng păncaniti | pra punggawa miwah para putra | lan sêntana pêpak andhèr | Dipati Măndrakèku | datan têbah dènira linggih | Senapati Ngalaga | ngandikanya arum | paman mangke karsa kula | inggih badhe ngyêktèni dhawuhirèki | Sunan Giri duk kala ||

4. kang suwargi Sultan Pajang nguni | sowan dhatêng ing Giri pinêca | samangke ngong yêktèkêne | Măndaraka umatur | kang puniku langkung prayogi | jêbèng lah utusana | mring Giripurèku | kang sarta mawi nawala | ya ta lajêng Senapati karya tulis | rampung sinungkên duta ||

--- 2: 33 ---

5. pangalasan kêkalih tinuding | gêgancangan lampahirèng marga | mapan datan winiraos | ing Giri sampun rawuh | Sunan Giri nuju siniwi | dhumatêng wadyabala | caraka tumundhuk | angaturakên nawala | tinampanan binuka sinukmèng galih | mèsêm lon angandika ||

6. umatura jêbèng Senapati | lamun iya arsa anyatakna | wirayat sun nguni kae | gustimu konên nglurug | mring bang wetan wirayat mami | wus pinêsthi mring Allah | yèn Ratu Mêntarum | besuk kang ngrèh tanah Jawa | kabèh karèh marang Narendra Mêntawis | ing Giri iya seba ||

7. têluk marang nêgara Mêntawis | sabab uwis ora kêna owah | Gusti Allah papêsthène | jaman walikan iku | pan kawula ya dadi gusti | gusti dadi kawula | pratandhane uwus | kêlakon nêgara Pajang | lan Mêntaram wus rampung Jêng Sunan Giri | dhawuhing pangandika ||

8. caraka mit lèngsèr saking ngarsi | lampahira tan winarnèng marga | prapta Mêntaram nulya ge | lajêng sumiwèng ngayun | manganjali mring Senapati | matur rèhnya dinuta | sêdaya wus katur | ing purwa madya wêsana | Panêmbahan Senapati ngandika ris | hèh paman Măndaraka ||

9. kula badhe umangkat tumuli | nglurug dhatêng ing tanah bang wetan | dene yèn pinarêngake | karsanipun Al Sabur | benjing wulan Mukharam ngarsi | kula anut wirayat [wira...]

--- 2: 34 ---

[...yat] | ing rikalanipun | nguni Kangjêng Sultan Pajang | inggih sowan dhumatêng Jêng Sultan Giri | inggih wulan Mukharam ||

10. mugi paman parentaha aglis | inggih dhatêng Dipati Santênan | Dêmak miwah Grobogane | sagung praja kang sampun | inggih karèh dhatêng Mêntawis | samêkta gamaning prang | ing benjing yèn ingsun | bidhal saking ing Mêntaram | gih sampuna ngalêmpak nèng Pajang sami | Măndaraka sandika ||

11. tan winarna rêroncène kardi | sampun prapta ing wulan Mukharam | Senapati Ngalagane | bidhal saking Mêntarum | saha wadya samêktèng jurit | sêdaya kang kabawah | dhumatêng Mêntarum | kêrigan dhèrèk sêdaya | Senapati arsa nêlukakên mangkin | dhatêng tanah bang wetan ||

12. ingkang dèrèng nungkul mring Mêntawis | tan cinatur lampahirèng marga | ing jaman wus prapta mangke | tata pakuwonipun | pan pinêtha nêgri Mêntawis | pakuwonirèng wadya | pan anglajur-lajur | bupati sabawah-bawah | kunêng wau Panêmbahan Senapati | kang sampun mêsanggrahan ||

13. anèng Japan dènnya tata baris | saha wadya sagêgamanira | ganti ingkang winiraos | Pangeran Surèngkewuh | pangagênge para bupati | sêdaya tanah wetan | wus myarsa wartèku | Senapati ing Mêntaram | sêdyanira nêlukakên samoaning | bupati tanah wetan ||

--- 2: 35 ---

14. ya ta wau Pangran Surawèsthi | tur pariksa mring para bupatya | ing tanah bang wetan kabèh | Tuban miwah Sêdayu | ing Lamongan miwah Garêsik | Lumajang Kartasana | Malang malihipun | ing Kêdhiri Pasuruan | Wirasaba Balitar Pringgabayèki | Lasêm miwah Pranggonan ||

15. ing Sumênêp lan Madura tuwin | Pakacangan wus prapta sêdaya | samêkta wadyabalane | anèng ing Japan kumpul | sumêdyanya amêthuk jurit | dhumatêng Senapatya | pramilanya kumpul | wus tata pakuwonira | jêng-ajêngan pakuwone dènnya baris | kêlawan Senapatya ||

16. ya ta wontên caraka kang prapti | saking Giri amundhi pustaka | andhawuhkên timbalane | mring Pangran Surèngkewuh | tuwin marang Ki Senapati | benjing enjing kumpulan | nèng wisma kang agung | sampun mawi bêkta bala | angamungna sêdaya para bupati | kang tumut pakumpulan ||

17. pan sandika kang dipun dhawuhi | karya pondhok sêdalu wus dadya | langkung asri pêmajange | kunêng dalu winuwus | enjing kumpul Ki Senapati | ingiring pra dipatya | ingkang sami tumut | Adipati Măndaraka | datan pisah lan kang putra Senapati | Pangeran Surabaya ||

18. ginarêbêg sagunge bupati | tanah wetan akumpul sêdaya | sampun tata lênggah andhèr | kêsaru ingkang rawuh | duta Giri ambêkta tulis |

--- 2: 36 ---

wus sami tata lênggah | anèng têngah wau | caraka alon lingira | hèh sagunge wong agung kang sami linggih | prasami piyarsakna ||

19. dhawuhipun Kangjêng Sunan Giri | kang kalêbet ing dalêm pustaka | punika kula waose | kapirêngna sêdarum | dhawuh sunan kang mungêl tulis | punika dhawuhira | sêrat têmbungipun | layang ingsun Kajêng[9] Sunan | Giripura dhawuha mring putra mami | Senapati Mêntaram ||

20. lan dhawuha putraningsun malih | pangran ingkang lênggah Surabaya | liring layang sun wiyose | dènirarsa prang pupuh | pan manira boya nglilani | kêrana iku bakal | akèh wong kang lampus | wong cilik kèh padha rusak | ing samêngko ingkang dadi karsa mami | wong roro amiliha ||

21. isi wadhah yèn wis sira milih | pan ing kono ya sakarsanira | ing karêpmu dhewe-dhewe | nuli padhaa atut | lan sokura marang ing Gusti | ya Rabul Ngalamina | muliha prajamu | dhewe-dhewe ya ing benjang | bokmênawa ana karsaning Hyang Widi | sira padha tinitah ||

22. luhur andhap anrimaa sami | pêpêsthine ingkang Maha Mulya | titi kang sêrat ungêle | Senapati gya matur | dhatêng pangran ing Surawèsthi | adhi ing Surabaya | paran karsanipun | Sunan Giri kang timbalan | lah suwawi adhi kula turi milih | isi kêlawan wadhah ||

23. inggih adhi amilih kang pundi | kula nyarah ing karsa sampeyan |

--- 2: 37 ---

Pangran Surabaya ture | kakang mas bab puniku | inggih kula amilih isi | sampeyan wadhahira | Senapati ngrungu | alon dènira ngandika | latah adhi inggih wus narima mami | wadhah kula kang gadhah ||

24. sawusira apilih-pinilih | lajêng bubar mantuk sowang-sowang | carakèng Giri padène | lajêng wau umantuk | sapraptane wontên ing Giri | umarêk jêng susunan | saniskaranipun | purwa madya myang wusana | Sunan Giri duk myarsa aturirèki | caraka kang dinuta ||

25. angandika ya wruhanta uwis | pêsthining Hyang ora kêna owah | Senapati Ngalagane | gone nampani iku | wadhah bênêr nora nalisib | wadhah iku nêgara | isi wong sêdarum | sumangsane uwong ora | amiturut iya mring kang duwe bumi | pêsthine kinon lunga ||

26. kunêng Giri mangke kang winarni | Pangran Surabaya karsanira | ana nêm bupati mangke | anênggih anèng Warung | tanah Blora mapan puniki | anulya kêlampahan | jumênêng tumênggung | lami-lami kapiyarsa | inggih dhatêng Panêmbahan Senapati | sêksana ingutusan ||

27. Măndaraka wau kang tinuding | bêkta wadya amung kawan dasa | datan kawarna lampahe | sampun prapta ing Warung | panggih lawan ingkang bupati | Măndaraka ngandika | bupati ing Warung | jênêng ingsun pan dinuta | iya marang [ma...]

--- 2: 38 ---

[...rang] Panêmbahan Senapati | narendra ing Mêntaram ||

28. sira sebaa marang Mêntawis | lamun sira nora gêlêm seba | lah nuli lungaa age | wau Tumênggung Warung | sarêng tampi dhawuhirèki | Dipati Măndaraka | sêksana wotsantun | atur kawula sandika | ing sakarsa Panêmbahan Senapati | ulun datan lênggana ||

29. sampun rampung wicaranirèki | Tumênggung Warung nulya sêdhiya | kang dadya bulubêktine | ginawa mring Mêntarum | pêpikulan awarni-warni | Dipati Măndaraka | sêmana wus kundur | dhatêng nêgari Mêntaram | tumênggunge ing Warung apan tut wuri | samêkta bêktanira ||

30. tan winarna ing marga wus prapti | Adipati Măndaraka nulya | lajêng umarêk sang katong | Senapati wus pangguh | lajêng sami tata alinggih | katur sêdayanira | rèhira ingutus | ing purwa madya wusana | Senapati kêlangkung sukaning galih | nanging tyas maksih brăngta ||

60. Asmaradana

1. mangkana ingkang winarni | Senapati ing Ngalaga | lajêng dhawuh nêlukake | sagunge para bupatya | sakiwa têngênira | para bupati sêdarum | pan sampun têluk sêdaya ||

2. seba dhumatêng Mêntawis | kang magok[10] ginêbag ing prang | satêmahan sami kawon | tan ana năngga kang yuda | ya ta gênti winarna | Panêmbahan ing Madiun | lajêng sami kalêmpakan ||

--- 2: 39 ---

3. lan sagung para bupati | sêdaya tanah bang wetan | ingkang dèrèng sami dhèrèk | têluk dhumatêng Mêntaram | tanah ing Panaraga | Kêduwang Barêbêg Nganjuk | Pakis tuwin Kartasana ||

4. Ngrawa Srêngat apan malih | Balitar Kalangbrèt lawan | Trênggalèk wus kumpul kabèh | Tulung Magêtan Gênêngan | tanapi Jagaraga | Sokawati Ngawi kumpul | Jipang Panolan Caruban ||

5. pêpakan Madiun sami | mangkana sawiji dina | Panêmbahan Madiune | miyos anèng pagêlaran | para bupati pêpak | panêmbahan ing Madiun | alon dènnya angandika ||

6. sagung sanak-sanak mami | paran dadya rêmbugira | prakawis Mêntaram mangke | puniku yèn dèn kèndêlna | yêktine sayandadra | Pangran Panaraga matur | manawi parêng ing karsa ||

7. suwawi ginêbag jurit | punika tiyang Mêntaram | lir api sakonang mangke | lamun botên pinêjahan | katiyup ing maruta | tumibèng lang-alang ngawul | têngah murub ngămbra-ămbra ||

8. yèn nuntên siniram warih | sayêkti anuntên pêjah | panêmbahan lon dhawuhe | paran sanak-sanak ingwang | sêdaya punapa ta | sami riyêg rêmbagipun | lir Pangeran Panaraga ||

9. sagunge para bupati | prasami saur kukila | sêdaya sami andhèrèk | ingkang dadya rêmbagira | Pangeran Panaraga | panêmbahan ing Mêdiun |

--- 2: 40 ---

alon dènnya angandika ||

10. yèn sampun rêmbag prasami | mugi sami sêdhiyaa | ing ayuda gêgamane | inggih sami ngalêmpaka | sêdaya pra dipatya | wontên nêgari Madiun | sampun ngantya kêkirangan ||

11. sandika ature sami | tan cinatur rêroncènnya | wus sami ngalumpuk kabèh | samêkta gêgamaning prang | sagunge kang gêgaman | lir samodra kang bala gung | prajurit tanpa wilangan ||

12. sigêgên kang pacak baris | pra bupati tanah wetan | nèng Madiun kumpul kabèh | ya ta ingkang kawarnaa | nêgara ing Mêntaram | Senapati kang winuwus | ya ta miyos siniwaka ||

13. pinarak anèng sitinggil | aglar sagung kang punggawa | sêntana lan putra andhèr | Adipati Măndaraka | cakêt dènira lênggah | abra busanèng wadya gung | lir pendah sêkar sêtaman ||

14. Senapati ngandika ris | mring Dipati Măndaraka | paman paran pawartane | para bupati bang wetan | Dipati Măndaraka | alon dènira umatur | ingkang yêkti pawartanya ||

15. sagunge para bupati | bang wetan sampun ngalêmpak | nèng Madiun kumpul kabèh | ingkang dados rêmbagira | arsa gêbag Mêntaram | Senapati ngandika rum | paman kêlamun mangkana ||

16. nuntên parentaha sami | samêkta gamaning aprang | angêriga sêdayane | bupati kang wus kaprintah | nêgari ing Mêntaram [Mêntara...]

--- 2: 41 ---

[...m] | inggih sampun wontên kantun | kula arsa nglurug ing prang ||

17. misuwur undhangirèki | Panêmbahan Senapatya | samêkta gêgaman kabèh | anuju wulan Mukharam | Senapati gya budhal | sawadyabala gumuruh | samêkta gêgamaning prang ||

18. Măndaraka Adipati | tan pisah lan Senapatya | ing marga tan winiraos | sinêru ing lampahira | gancange kang carita | ing Madiun sampun rawuh | lajêng tata pêsanggrahan ||

19. kali Dhadhung dènnya baris | prênah sakilèn bêngawan | sawang-sinawang barise | ananging êlêt bêngawan | Senapati tumingal | mêngsah sakêlangkung agung | kadi mêndhung ngêmu warsa ||

20. wadya Mêntaram sakêdhik | Senapati angandika | dhatêng ingkang paman alon | Adipati Măndaraka | lah kadospundi paman | ingkang dados rêmbagipun | wadya Mêntaram karoban ||

21. paman upamine warih | kalèn anêmpuh bêngawan | paran kang dados saene | wadya kula ing Mêntaram | gih sampun ngantos risak | wagêda bêdhah Madiun | Adipati Măndaraka ||

22. kèndêl sêkala tan angling | mangêningkên ciptanira | Măndaraka lon ature | kêlamun kadya mangkana | prayoginipun karya | sandi upaya puniku | Pangran Madiun mrih lena ||

23. kang baris sêdaya sami | pinurih sami bubara | Senapati [Sena...]

--- 2: 42 ---

[...pati] anulya ge | ngandika mring abdinira | èstri ran Adisara | warnanira langkung ayu | apan kadi pêrayangan ||

24. Panêmbahan Senapati | alon dènnya angandika | Adisara ingsun kongkon | layang ingsun aturêna | marang ing panêmbahan | mungguh têmbunge layangku | sêngadi têluk manira ||

25. lawan gawaa sirèki | bokor isènana toya | lan kêmbang sêtaman kuwe | mêngko yèn sira aseba | kumbahên sikilira | panêmbahan ing Madiun | dêlamakane karonya ||

26. supaya lilih kang galih | ilanga graitanira | kabèh pangati-atine | karsaa ambubarêna | baris măncanêgara | sajabane layang iku | ya măngsa bodhoa sira ||

27. akalira gonmu murih | lunture panggalihira | panêmbahan marang ingong | lan sira nganggo-anggoa | pêpaèse kang endah | sira anungganga tandhu | ingkang mikul tandhunira ||

28. lan upacara kang ngampil | prajuritku jayantaka | patang puluh ngiringakê | angampili upacara | dene ta lamun sira | ana sêntana kang ganggu | iya iku ladènana ||

29. jabaning parimanèi[11] | nanging aja nganti nglanjak | sajroning parimanane | sampun ing pitungkasira | Senapati Ngalaga | Adisara awotsantun | gih sandika aturira ||

30. nulya lèngsèr saking ngarsi | malêbêt [ma...]

--- 2: 43 ---

[...lêbêt] ing pêsanggrahan | Adisara apêpaès | ngrakit busana kang endah | wuwuh ing ayunira | lir widadari tumurun | saking swarga kanthi guna ||

61. Kinanthi

1. sagunge ingkang andulu | sami kasmaraning ati | sêksana anulya budhal | tandhu ingkang dèn titihi | pinayungan kêrtas seta | pinggir pinarada kuning ||

2. pinindha putrining ratu | upacara ngiring-iring | lampahira Adisara | sarewangnya nêrak baris | wadya kang baris sêdaya | tan ana kang graitani ||

3. wit sêdaya sami dulu | upacara kang dèn iring | nênggih priyantun wanodya | wadya kang sami ningali | malah atêtanya marang | wong upacara kang ngampil ||

4. kisanak têtanya ingsun | sintên ingkang dera iring | wangsulane kang tinanya | wong upacara kang ngampil | kisanak inggih punika | ratu kula ing Mêntawis ||

5. ngaturi panungkulipun | dhatêng panêmbahan ngriki | kang sinung ling amiyarsa | saklangkung sukaning galih | utawi wong liyanira | kang baris sami miyarsi ||

6. tyasira marwata sunu | sêdaya ciptaning galih | angrasa yèn tan sida prang | sabab ratu ing Mêntawis | wus atur panungkulira | tan sêdya lumawan jurit ||

7. kunêng winurcita têmbung | panêmbahan kang winarni | punika pan ingkang putra | Sultan Dêmak duk ing nguni | dene kang nanêm punika | nèng Madiun duk ing nguni ||

--- 2: 44 ---

8. Sultan Pajang kang suwau | nênggih kang karya bupati | ing mangke sampun pêputra | panêmbahan mung kêkalih | pawèstri ingkang satunggal | putranya jalu satunggil ||

9. pawèstri pêmbajêngipun | warna yu lir widadari | tur sampun mêmpêng diwasa | pêparabira Sang Dèwi | Kusuma Rêtna Jumilah | Dèn Mas Lonthang ingkang rayi ||

10. Rêtna Jumilah Sang Ayu | sabên tinari akrami | dhumatêng rama tan arsa | sang rêtna aturirèki | rama kula arsa krama | inggih lamun wontên benjing ||

11. maratuwa nêmbah mantu | kawula purun akrami | lan gadhah lading pêpanggya | panyukur upami janmi | jalêr kapêrang tan pasah | yêkti rama kula apti ||

12. yèn botên wontên puniku | inggih kang kadya puniki | bêraa salaminira | kula botên arsa krami | panêmbahan kang winarna | lênggah nèng dalêm puniki ||

13. pra sêntana munggèng ngayun | kêsaru wau kang prapti | Adisara praptanira | dumrajog tanpa kang ngiring | lajêng anungkêmi pada | sumungkêm ing pada kalih ||

14. panêmbahan lon andangu | sira iki wong ing ngêndi | lawan jênêngira sapa | Adisara turnya aris | gusti kawula punika | caraka abdinta gusti ||

15. Senapati ing Mêntarum | ulun Adisara gusti | lampah kawula dinuta | anyaosakên kintèki | panungkul ing ngarsa tuwan | tinampèn binuka aglis ||

16. winaos sinukmèng kalbu [ka...]

--- 2: 45 ---

[...lbu] | têmbunge ponang kintèki | kunjuka sêmbah kawula | Senapati ing Mêntawis | ing padanya panêmbahan | ulun wusnya mangênjali ||

17. lampah kawula satuhu | sumiwèng Madiun ngriki | arsa nêmbah ing suku sang | ngaturkên kang pati urip | tuwin ngaturkên kawula | isine praja Mêntawis ||

18. panêmbahan ing Madiun | sawusnya manukmèng tulis | ngandika mring Adisara | satêmêne ingsun iki | nora sêdya mêmungsuhan | lawan anak Senapati ||

19. kang para bupati iku | kang sumêja nglawan jurit | marang anak Senapatya | aku lan sabala mami | nora mèlu-mèlu padha | amung sêdya anjênêngi ||

20. sarèhning iku gustimu | wus sêdya nungkul mring mami | ya iku para bupatya | măncanêgara kang prapti | tak bubarêne prasamya | sênadyan ta iku sami ||

21. padha sumêdya amungsuh | marang anak Senapati | aja padha pakumpulan | ana ing nêgara mami | panêmbahan lajêng duta | marang sêntananirèki ||

22. dhawuhi para tumênggung | bubarakên ingkang baris | sarta misuwurna undhang | yèn Senapati Mêntawis | wus têluk marang manira | ngêsrahkên praja Mêntawis ||

23. kang dinuta amit mundur | Bok Adisara miyarsi | dhawuhing kang pangandika | kêlangkung sukaning galih | umatur Bok Adisara | gusti dinta Senapati ||

24. inggih punika anyuwun [anyuwu...]

--- 2: 46 ---

[...n] | kolohan padanta kalih | pan arsa dipun inuma | lan dinamêl siram gusti | kang supados andadosna | wilujêng têguh lan yoni ||

25. kathah-kathah aturipun | Adisara aminta sih | kang supados lumuntura | panêmbahan dhawuh kang sih | dhumatêng ing Senapatya | panêmbahan anuruti ||

26. nuruh kalih padanipun | Adisara anadhahi | wontên ing bokor sêlaka | panêmbahan ngandika ris | Adisara gustinira | sun pundhut putra sayêkti ||

27. tak sadulurke anakku | loro jalu ingkang siji | ingkang sawiji wanodya | dadia dulur sayêkti | kang têlu iku têtêpa | anglir kadang tunggal bibi ||

28. Bok Adisara anuwun | lajêng nêmbah nuwun pamit | panêmbahan sampun nêlas | pitungkasira angênting | Adisara sigra nêmbah | lèngsèr saking ngarsa aglis ||

29. praptèng jawi nitih tandhu | jayantaka anjajari | anèng ing marga tumingal | wadya ingkang sami baris | katingal kathah kang bubar | Adisara sukèng galih ||

30. ya ta lampahira laju | ing pasanggrahan wus prapti | praptèng ngarsa Senapatya | Adisara manganjali | Senapati ing Ngalaga | tyas uwas sampun kawingking ||

62. Pangkur

1. ningali Bok Adisara | paèsira wêtah tan wontên rêmpit | kêlangkung

--- 2: 47 ---

sukaning kalbu | Senapati ngandika | kayaparan Adisara ing lakumu | manêmbah Bok Adisara | miwiti malah mêkasi ||

2. Bok Adisara manêmbah | Panêmbahan Madiun darbe siwi | pawèstri ayu pinunjul | lir widadari kendran | pan akathah ingkang nglamar sang rêtna yu | nanging sang dyah datan arsa | gadhah paminta sang dèwi ||

3. sang dyah benjing arsa krama | lamun wontên maratuwa ngabêkti | inggih dhatêng mantunipun | kaping kalih panggilnya | sintên kuwat nadhahi ingkang panyukur | Senapati amiyarsa | Bok Adisara turnèki ||

4. kêlangkung sukaning driya | Senapati sangêt panggunggungnèki | mring Bok Adisara wau | langkung ingêla-êla | angandika dhumatêng kang paman arum | mangke paman rèh paduka | inggih dhumatêng ing mami ||

5. Ki Dipati Măndaraka | alon angling hèh thole Senapati | banyu kolohan puniku | buwangên ing bêngawan | aniyata ingsun ora buwang banyu | ambuwang prajangjiningwang | dene tutur ingsun maning ||

6. thole marang jênêngira | rèhning sira sumêdya dadi aji | kabèh karèha sirèku | nadyan ing tanah sabrang | bêcik kowe sebaa mring Ngadilangu | marêk Sunan Kalijaga | sira amintaa kang sih ||

7. nyuwuna ingkang rasukan | Kangjêng Kyai Gundhil kêlawan malih | Kyai Ăntakusumèku | iku caritanira | nalikane [nalika...]

--- 2: 48 ---

[...ne] kang para wali sêdarum | ngadêgakên masjid Dêmak | ingkang masjid wusnya dadi ||

8. para wali adhikiran | kabèh anèng sajêroning kang masjid | gya ana buntêlan runtuh | saking dhuwur tibanya | ana tulis muni iku ingkang gadhuh | Kangjêng Sunan Kalijaga | buntêlan puniku kaki ||

9. arupa lulang maenda | kang binuntêl iku rupa kêlambi | apan takwa dhapuripun | klambi iku lorodan | pan ing nguni agêmira Kangjêng Rasul | dene walulanging dumba | pasalatane jêng nabi ||

10. nuli Kangjêng Sunan Bonang | angandika marang Jêng Sunan Kali | iku walulanging wêdhus | ya gawenên rasukan | wangun takwa ingkang nganggo jêbèng besuk | ingkang dadi ratu Jawa | samêngko sira gadhuhi ||

11. pan iku dadi pratăndha | yèn kulambi pinaringkên sirèki | sira thole bakal tulus | umadêg naradipa | nèng Mêntaram iya saturun-turunmu | yèn ora pinaringêna | ya bakal tan tulus kaki ||

12. gonira dadi narendra | Senapati sarêng wau miyarsi | ingkang paman dhawuhipun | langkung sukaning driya | alon matur yèn kados mêkatên wau | lah paman sampeyan têngga | barisan Madiun iki ||

13. kula sowan Kangjêng Sunan | Kalijaga aminta kang kulambi | dhumatêng ing Ngadilangu | Dipati Măndaraka | angling alon lah iya prayoga kulup | Senapati sigra budhal | mung bêkta wong kawan [kawa...]

--- 2: 49 ---

[...n] dèsi ||

14. Adipati Măndaraka | ingkang maksih kantun atêngga baris | Senapati kang winuwus | lampahnya gêgancangan | pan sinêru datan kawarna ing ênu | Ngadilangu sampun prapta | têdhak saking ing turanggi ||

15. lajêng marêk jêng susunan | kangjêng sunan lênggah nèng masjid alit | Senapati sigra masuk | nèng latar katingalan | gya ingawe majêng prapta ngraup suku | wus kinèn lênggah nèng ngarsa | bage jêbèng Senapati ||

16. baya ana karêpira | sira marêk ana ing ngarsa mami | Senapati sigra matur | milamba marêk tuwan | ulun nyuwun timbul yuwananing pupuh | wagêda kalis tik swara | jêng sunan ngandika aris ||

17. ya jêbèng sakarêpira | sun wus uning mapan ta wus pinêsthi | ing saturunira besuk | ingkang dadi narendra | amêngkoni ing tanah Jawa wis tamtu | pinêsthi karsaning Suksma | nora kêna owah gingsir ||

18. lah ta iki tampanana | Kyai Ăntakusuma lan Ki Gundhil | lorodaning kangjêng rasul | sapa ingkang kanggonan | klambi iku pinêsthi yèn dadi ratu | angêrèh ing tanah Jawa | ênya tampanana kaki ||

19. Senapati sigra nêmbah | anampani rupa klambi kêkalih | nulya nêmbah pamit mundur | linilan sigra mentar | prapta jawi anitih turăngga sampun | budhal gancang lampahira | tan winarna anèng margi ||

20. ing barisan [barisa...]

--- 2: 50 ---

[...n] sampun prapta | panggih lawan Măndaraka Dipati | jinarwa sêdayanipun | sowannya sang pandhita | Adipati Măndaraka sukèng kalbu | myarsa wartane kang putra | wusana ngandika aris ||

21. thole paran karsanira | baris mungsuh wus akèh bubar sami | ingkang kari baris iku | patute padha weya | ilang kabèh ya pangati-atinipun | Senapati angandika | paman sampeyan printahi ||

22. barisipun pinartiga | mangke dalu sami nyabranga kali | byar rina sampun arawuh | sawetaning bêngawan | Adipati Măndaraka printah sampun | mring sagung para bupatya | wus matêng dènnya prajangji ||

23. baris agêng dalu bidhal | nyabrang dhatêng sawetaning bênawi | tan wontên suwaranipun | asarêng byar raina | sampun rawuh sawetan bêngawan wau | lajêng tata barisira | bêndhene bèri tinitir ||

24. tambure pating kadhobrang | awor surak wadya gumuruh atri | anglir pendah gunung rubuh | wisma-wisma ngobongan | katiyup ing maruta amabul-mabul | dahana amubal-mubal | kadi babaling yomani ||

25. wadya Madiun sêdaya | ingkang baris kagète tan sinipi | gagap-gugup yudanipun | prangira kaclakuthak | Senapati anitih turangganipun | panas madu ulêsira | puspakêncana kang nami ||

26. rasukan Ăntakusuma | ngagêm lawung Ki

--- 2: 51 ---

Pêlèrêd rêspati | Senapati lajêng ngamuk | singa sinêrang bubar | kathah pêjah barisira wong Madiun | dhadhal ing saparan-paran | lingsir wetan ingkang wanci ||

27. titihannya Senapatya | lajêng pêjah amargi nandhang kanin | nanging maksih bisa mlaku | kêni kinarya aprang | sarêng wanci lingsir kilèn pan kadulu | mring Dipati Măndaraka | sêmana lon dènira ngling ||

28. Senapati jaranira | uwis mati kok isih kotunggangi | kang turăngga lajêng rubuh | Senapati malumpat | sarwi angling paman sampeyan puniku | dahwèn têmên mapan kula | paman gih sampun udani ||

29. pêjahipun kapal kula | duk ing wau lingsir wetan kang wanci | sapunika sawêg ambruk | margi saking sampeyan | ingkang dahwèn Senapati ngandika rum | andhawuhakên prasapa | ing saturun-turun mami ||

30. aja nunggang jaran napas | bok tan kaya jênêng manira iki | Senapati gya lumaku | sêdya malêbèng pura | kawarnaa panêmbahan ing Madiun | sampun ingaturan wikan | têmahan kang waspa mijil ||

63. Mijil

1. Panêmbahan Madiun winarni | nèng pêndhapa lunggoh | pra sêntana sami pêpak andhèr | ingkang putra Dèn Mas Lonthang ngarsi | matur rama nangis | mangke dadosipun ||

2. dènnya atur nuwala ing nguni | pan botên sayêktos | gih kinarya samudana [samu...]

--- 2: 52 ---

[...dana] bae | balanipun sagunging bupati | bang wetan kèh mati | tuwin wong Madiun ||

3. ingkang gêsang sampun bubar gusis | sampun sami bolos | kantun tiyang salêbêt kithane | sanjawining kadhaton wus brêsih | pan jinarah sami | tiyang dhusun-dhusun ||

4. inggih dhatêng wadya ing Mêntawis | pawèstri binoyong | panêmbahan miyarsa ature | ingkang putra dadya ngandika ris | nora nyana mami | bangêt gêtun ingsun ||

5. ujarira Senapati manis | tan ngira mêngkono | Senapati kang dadi karêpe | dadi kêna iku diarani | marta wisa kaki | marta lairipun ||

6. ingkang wisa iku batinnèki | pnêmbahan nabda lon | mring kang garwa yayi dipun age | adandana dunya brana sami | kang ringkês ta yayi | gawanên sêdarum ||

7. atmajanta Ki Mas Lonthang yayi | ingsun gawa lolos | panêmbahan alon ngandikane | hèh ta Nini Jumilah sirèki | dèn abêcik kari | rêbutên prajamu ||

8. Senapati ing Ngalaga nini | mulane rêrêmpon | sira ingkang rinêbut yêktine | sira nini sun paringi kêris | Si Gumarang iki | tamakna putrèngsun ||

9. marang Senapati ing Mêntawis | poma dèn kêlakon | Si Gumarang puniku adate | nora nana wong têguh lan yoni | tatas ponang kulit | nora jaluk banyu ||

10. sang rêtna yu lara dènnya [dè...]

--- 2: 53 ---

[...nnya] nangis | kang rama lingnya lon | nora kêna suminggah nah angèr | wus pinêsthi Suksmana kang adi | kang ngrêbut sirèki | nagrimu Madiun ||

11. karodene yèn kowe tan uning | nini putraningong | Senapati ing Ngalaga kiye | nora liya sira dèn karsani | ngrêbuta ing jurit | marang ing Madiun ||

12. ingkang ibu inya sami nangis | Pnêmbahan lingnya lon | aja ana kang maras atine | nini putri nora têkèng pati | kabèh wong jro puri | ingsun ingkang nanggung ||

13. sang rêtna yu sumaput tan eling | sêksana dèn bopong | gya binêkta malbèng kêdhatone | Panêmbahan angandika aris | êmban kêris iki | aturna gustimu ||

14. putraningsun mêngko yèn wis eling | ya kabèh wong wadon | nora nana iya kang pinatèn | dhuwung sampun tinampenan aglis | panêmbahan nuli | budhalan agupuh ||

15. garwa putra jalu datan kari | mangetan anggolong | Wirasaba tinuju karsane | kunêng ingkang lolos saking nêgri | gantya kang winarni | kusumaning ayu ||

16. Rêtna Jumilah pan sampun eling | mangèngêt ing batos | ingkang rama nguni timbalane | têmah ngadêg suraning panggalih | busana sang dèwi | ngagêm cara kakung ||

17. Ki Gumarang apan wus winangking | pistulira loro | pêdhangira sinandhang wusdene | ingkang lawung ingampil kang cèthi | sang

--- 2: 54 ---

rêtna alinggih | têngah dalêm agung ||

18. Senapati wus miyarsa warti | panêmbahan lolos | sakêlangkung suka panggalihe | Senapati gya malêbèng puri | kang rama tut wuri | Măndaraka pungkur ||

19. sang rêtna yu mapag ing pêndhapi | samêktèng palugon | Senapati plataran praptane | sang dyah ngadêg ngasta pistul aglis | ya ta Senapati | sêksana dèn pistul ||

20. mimis tibèng jaja tan nêdhasi | sru krodha sang sinom | nyandhak watang tinalêmpak age | datan pasah mèsêm ngujiwati | tyasira sang dèwi | sangsaya magiyuh ||

21. nyandhak pêdhang sinabêtkên aglis | Senapati tanggon | tan nêdhasi sang rêtna galihe | èsmu merang gya malêbêt aglis | sarwi narik kêris | Ki Gumarang sampun ||

22. pan pinusthi nèng asta sang dèwi | ngandika sang sinom | Senapati malêbua age | marang dalêm payo gênti kêris | ya ta Senapati | karsanya malêbu ||

23. marang dalêm nututi sang dèwi | gya cinandhak gupoh | mring Dipati Măndaraka age | Senapati alèrèha dhingin | pan iku sang dèwi | mring dalêm malêbu ||

24. ngasta kêris Si Gumarang kaki | tan ana wong atos | nora nana wong kang têguh thole | yèn katiban Si Gumarang kaki | pêsthine nêdhasi | mêrodhol kang wadhuk ||

25. têmah ilang wadhah bêrkatnèki |

--- 2: 55 ---

marmane nak ingong | dèn prayitna sang rêtna lêbune | Senapati kandhêg anèng kori | ngrarêpa minta sih | wuwusira arum ||

26. kathah ngrarêpa swara minta sih | wau sanglir sinom | aningali mring Senapatine | èsmu kagiwang kusumaning puri |[12] kêju astanèki | sarirannya lêsu ||

27. dhuwung Ki Gumarang sah ngastèki | sang dyah tan kêraos | Senapati pan awas tingale | Ki Gumarang wus tumibèng siti | sang rêtna kaèksi | sêmunya wulangun ||

28. gya sinandêr cinandhak kang kêris | sinarungkên gupoh | gya winangking kang curiga age | Senapati sumandhing alinggih | kinuswa sang dèwi | sang dyah dyan sinambut ||

29. gya ingêmban binêkta jinêm mrik | prapta ing paturon | manis arum wau pangungrume | kêmanisên kusumaning adi | wau Senapati | pangucapnya baud ||

30. suka dewa bandanên ing kêndhit | kungkungên paturon | kunjaranên nimas jroning langse | sudukên lan kênaka kang lungid | bantalana pipi | sangganên prambayun ||

31. mingsêk-mingsêk sinjangnya winingkis | rongèh ing paturon | apan kadi walangkrik garute | nyêngkah jaja sarwi nyiwêl wêntis | nêdha dèn sampuni | giris bok yèn lampus ||

64. Girisa

1. wusira pulang asmara | lajêng lênggah kalihira | tulus sang rêtna kagarwa | mring Senapati Ngalaga | Senapati angandika [a...]

--- 2: 56 ---

[...ngandika] | yayi kêrisira iya | Si Gumarang sun lih nama | Ki Gupita aranira ||

2. sabab yayi wiwitira | sira panggih lan manira | sang dyah tan suwalèng driya | enjingira Senapatya | miyos siniwakèng wadya | pêpak sagung pra dipatya | kang karèh sowan samoa | Adipati Măndaraka ||

3. tan têbah pilênggahira | ya ta Dipati Santênan | waspada pasêmănira | kang raka inggal akrama | kêlangkung sakiting driya | lajêng umatur sêksana | ulun mugi kalilana | mring Santênan umantuka ||

4. sabab ing Pathi samangkya | kadhatêngan parangmuka | Senapati angandika | yayi mas aywa mangkana | nadyan yayi katêkana | ing Pathi kang parangmuka | pun kakang yayi kang têka | sira barênga manira ||

5. Dipati Pathi turira | parêng nadyan tan parênga | kula mantuk mring Santênan | sigra nêmbah nulya mentar | bodhol lan sawadyanira | tan cinatur lampahira | ing wuri kang winurcita | Senapati angandika ||

6. mring Dipati Măndaraka | paman sampeyan tan pirsa | pun adhi Pathi punika | badhe balela ing kula | kêtawis pasêmonira | Adipati Măndaraka | gêgêtun sarêng miyarsa | alon wau aturira ||

7. ya thole nadyan mangkana | aja kapikir samangkya | payo laku dèn banjurna | marang bang wetan ngluruga | Senapati angandika | prayogi paman printaha | ing dintên [dintê...]

--- 2: 57 ---

[...n] benjing budhala | sagunge kang wadyabala ||

8. arsa bêdhah Pasuruan | kang garwa Rêtna Jumilah | binêkta amangun yuda | tan winarna anèng marga | watês nêgri Pasuruan | Senapati sampun prapta | kêlawan sawadya bala | lajêng tata pêsanggrahan ||

9. kinarya bata sarimbag | pakuwone wadyabala | lir pindah samodra bêna | ngêbêki kang wana-wana | kang wadya suka sêdaya | pakuwon cêlak narmada | tanapi kang wanawasa | kunêng gênti winurcita ||

10. Adipati Pasuruan | sampun amiyarsa warta | lamun wontên parangmuka | Senapati ing Ngalaga | arsa nêlukkên karsanya | dhumatêng ing Pasuruan | sêmana miyos sewaka | pêpak sagung pra punggawa ||

11. karsanira ki dipatya | pan arsa têluk kewala | sigra mêpak raja brana | kang pèni-pèni samoa | ingaturkên Senapatya | pratăndha panungkulira | wontên satunggal bupatya | Ki Kênitèn wastanira ||

12. dhuh gusti sang adipatya | paduka arsa nungkula | dhumatêng ing Sênapatya | ulun botên andhèrèkna | kula sagah amêthuka | Senapati ing Ngalaga | sang adipati lingira | Kênitèn saguh mêthukna ||

13. apa ta prawiranira | Senapati ing Ngalaga | têguh tan pasah tikswara | Kênitèn lon aturira | dhuh gusti kula punika | sajêg urip botên nêdha | liyane kunir kewala | saênthik [saênthi...]

--- 2: 58 ---

[...k] dalêm sawarsa ||

14. milane kula punika | sêdaya dêdamêl donya | botên pasah kulit kula | Senapati ing Ngalaga | măngsa gih kados kawula | botên nate nêdha sêga | sayêkti măngsa kawona | kula lawan Senapatya ||

15. ki adipati ngandika | kêlamun kaya mangkana | sira angirida bala | Ki Kênitèn aturira | sampun susah bêkta bala | kawula ijèn kewala | sang adipati ngandika | ya bangêt ingsun tarima ||

16. prasêtyanta mring manira | nanging ta nêrajang nistha | yèn ta sira lumakua | ya ta mung awak sapata | dadi ngon tan ngajènana | mring Senapati Ngalaga | Kênitèn budhal sêksana | ingiring wong kawan dasa ||

17. turăngga titihanira | lawung pan sikêping yuda | kunêng malih winurcita | Senapati ing Ngalaga | sampun amiyarsa warta | yèn wontên wong mêthuk yuda | Ki Kênitèn wastanira | wani prang tandhing prawira ||

18. ngandika mring Măndaraka | paman arsa mêthuk kula | yudane wong Pasuruan | pun Kênitèn wastanira | wartine langkung prawira | têguh tan nêdhasi braja | milarsa sun panggihana | pan sami ijèn kewala ||

19. kula mung ambêkta wadya | kathahipun kawan dasa | tyang numbak cêmêng sêdaya | sampeyan paman tumuta | Adipati Măndaraka | langkung jumurunging karsa | anulya budhal sêksana | Senapati nitih kuda ||

20. suwung

--- 2: 59 ---

cêmêng waosira | Ki Palèrèt kang dèn asta | pangagêm wulung sêdaya | lan saabdi kawan dasa | myang Dipati Măndaraka | wulung pangagêmanira | sêmana sampun apanggya | lan Senapati nèng marga ||

21. Kênitèn asru têtanya | sapa mêthuk lakuningwang | Senapati angandika | pan ingsun puniki lurah | wong numbak irêng sagungnya | abdine Jêng Senapatya | kinèn mêthuk yudanira | Kênitèn sugal saurnya ||

22. hèh pantèn sira mundura | aja mapag prang manira | măngsa wurunga palastra | Senapati ing Ngalaga | pan iku lawan manira | pantês tandhing ngong ayuda | Senapati angandika | măngsa klakona sêdyanta ||

23. lamun ingsun maksih ana | sira ngajap Senapatya | payo kene sun kalahna | aja kakehan wicara | sênadyan sira prawira | măngsa ta ingsun wangwanga | Kênitèn langkung bramantya | lajêng campuh ing ayuda ||

24. dangu alantaran watang | tan ana ingkang kuciwa | Senapati kudanira | sirah kêni tinalêpak | kagèt jola kang turăngga | ngulêr kilan bali ngêmprang | cinandhêt lèrèh sêksana | ingulih-ulih atinya ||

25. arsa wangsul Senapatya | cinandhak mring Măndaraka | thole lèrèha sadhela | têdhanên marang Hyang Suksma | Si Kênitèn dèn apêsna | aja kalimput ing hawa | anuruti nêpsunira | Senapati amiyarsa ||

26. sêkala [sê...]

--- 2: 60 ---

[...kala] emut ing driya | sumungkêm kêpuhing kuda | anênêdha ing Suksmana | Kênitèn dèn apêsêna | sêksana sasmita prapta | gya kumêdut baunira | pratăndha munah mungsuhnya | awungu panjungkêlira ||

27. Ki Palèrèd gya ingasta | sarwi alon angandika | hèh Palèrèd ingsun minta | kalahna mungsuh manira | sêksana mangsah ngayuda | lawan Kênitèn wus panggya | Kênitèn asuka-suka | hèh ta pantèn balik sira ||

28. prayoga sira mundura | măngsa ta kowe nănggaa | amungsuh lawan manira | tutura mring Senapatya | kon mapag yuda manira | Senapati wangsulannya | aja kakehan wicara | payo ta kene ayuda ||

29. têkakna sasêdyanira | măngsa ta ingsun wêdia | Kênitèn ngancari sigra | Senapati gya tinumbak | ginêbang watang malêsat | Kênitèn sigra tinumbak | kaprawasa dhêngkulira | aniba saking turăngga ||

30. ngalumpruk tan bisa obah | lempoh ngalosod nèng kisma | Senapati angandika | hèh Kênitèn kaya ngapa | ingkang dadi karêpira | Kênitèn alon saurnya | nyata wus kalah manira | yèn sirarsa mêgat nyawa ||

65. Megatruh

1. ingsun tuhu kasoran apêrang pupuh | mungsuh kêlawan sirèki | yèn sira yun amrih lampus | iya marang awak mami | paran sira karya nglayon ||

2. ingsun iki atêguh kaliwat [kaliwa...]

--- 2: 61 ---

[...t] têguh | tan ana braja nêdhasi | Senapati mèsêm muwus | yèn uwis ngrasa sirèki | kalah prang kêlawan ingong ||

3. iya sira tutura marang gustimu | Pasuruan Adipati | yèn uwis kalah pêrangmu | lan abdine Senapati | lurah numbak wulung kang wong ||

4. Ki Kênitèn alon dènira sumaur | tan bisa gulawat mami | yèn sira wêlas maringsun | atêrêna awak mami | tan bisa lumaku ingong ||

5. Senapati alon pangandikanipun | payo bocah dipun aglis | iya Si Kênitèn iku | tunggangêna kuda èstri | kang pincang lakune ngrempong ||

6. lan atêrna numbak wulung patang puluh | wènèhêna mring Dipati | Pasuruan dèn agupuh | kang dinuta mangênjali | sigra lèngsèr awotsinom ||

7. Senapati wangsul mêsanggrahan sampun | lan kang paman Sang Dipati | Măndaraka atut pungkur | wau ta Sang Senapati | sampun prapta ing pakuwon ||

8. Ki Kênitèn nulya tinunggangkên sampun | jaran pincang tur pawèstri | ingiring wong numbak wulung | kawan dasa ngapit-apit | ing marga tan winiraos ||

9. Sang Dipati Pasuruan duk pinuju | miyos siniwakèng dasih | anèng ing paseban mangu | kêsaru wau kang prapti | carakanira sang katong ||

10. ing Mêntaram maringkên Kênitèn lumpuh | ingêdhunkên saking wajik | rinămpa marêk ing ngayun | ngandika Sang

--- 2: 62 ---

Adipati | Kênitèn paran palugon ||

11. kula kawon ayuda lan lurahipun | numbak cêmêng ing Mêntawis | kenging waos dhêngkul ulun | lajêng lumpuh kula gusti | badan pan kadi linolos ||

12. inggih botên kuwawi gêlawat ulun | angandika sang dipati | baturira aprang wau | iya ika Senapati | Kênitèn aturnya sêngol ||

13. kang supami kula wuningaa wau | mungsuh ulun Senapati | amba măngsa purun mundur | aluwung tumêkèng pati | tan sêdya mantuk ragèngong ||

14. Adipati Pasuruan duk angrungu | saklangkung rênguning galih | asugal ngandikanipun | wong ingkang kaya sirèki | pancène kêmalan cocot ||

15. ya ta dhawuh adipati mundhut wadung | Kênitèn kinèn madungi | datan busik kulitipun | wulune tan gogrog siji | wadung papat sami melot ||

16. ya ta wau ki dipati ngadika sru | godhoga timah sajèdhi | sokêna ing cangkêmipun | kang ingagnyan anulya glis | tumandang timah duk umob ||

17. ingêsokkên cangkême Kênitèn sampun | Kênitèn nulya ngêmasi | sang adipati agupuh | anggancar wadya Mêntawis | wêrata kawan dasa wong ||

18. rajabrana kang dadya panungkulipun | sêdaya sampun cumawis | nulya budhal dutanipun | lan ngaturakên nêgari | sumăngga karsa sang katong ||

19. Pasuruan [Pasuru...]

--- 2: 63 ---

[...an] kunjuk ing pada pukulun | caraka nêmbah wotsari | mentar saking ngarsa sampun | datan kawarna ing margi | sampun prapta ing pakuwon ||

20. lajêng mapag Senapati ngarsanipun | ponang duta awotsari | matur sarèhe dèn utus | miwiti malah mêkasi | sakêcap tan wontên kalong ||

21. lawan sagung bêbêktan katur sêdarum | Senapati sukèng galih | wusana ngandika arum | caraka matura nuli | mring gustimu lamun ingong ||

22. banjur mulih marang nêgara Mêntarum | dene ta parentah mami | gustimu têtêpa lungguh | anèng Pasuruan nêgri | besuk ing sapungkur ingong ||

23. lamun ana bupati bang wetan iku | parentah gustimu benjing | tinuruta bae besuk | poma aja nanggulangi | yaiku parentah ingong ||

24. ponang duta nulya pinisalin sampun | tur sêmbah anuwun pamit | linilan lèngsèr sing ngayun | sapraptaning jawi aglis | gya budhal lampah sinêrod ||

25. sampun prapta ing Pasuruan pan laju | umatur sang adipati | sêdaya pitungkasipun | Panêmbahan Senapati | titi datan wontên kalong ||

26. kawarnaa Senapati lajêng kundur | dhatêng nêgari Mêntawis | lan sawadyabala sampun | sakuswala datan kari | kunêng gênti cinariyos ||

27. sagung tiyang ingkang kawon aprang pupuh | lan Senapati Mêntawis | kathah

--- 2: 64 ---

ingkang ngungsi wau | dhumatêng ing Surawèsthi | tyasira prasami golong ||

28. putranira Panêmbahan ing Madiun | Radèn Mas Lonthang kang nami | milya ngungsi Surèngkewuh | wus pinundhut mantu mangkin | dhaup lan kang putra wadon ||

29. panêngahnya mring Pangeran Surèngkewuh | lajêng tinanêm bupati | wontên ing Japan puniku | Wirasaba dèn tanêmi | Răngga Pramana Bupatos ||

30. ing Kêdhiri Pangran Mas bupatinipun | sêkawan kadangirèki | Senapati namanipun | anèng ing Kêdhiri linggih | Saradipa kadang anom ||

31. katiganya awasta Kenthol Jêjanggu | sêkawanipun winarni | Kartimăngsa namanipun | Pangeran Mas duk ngêmasi | durmane ingkang gumantos ||

66. Durma

1. sasedane wau ta Pangeran Êmas | lajêng dipun tanêmi | bupati lênggahnya | gumantya kang palastra | saking nêgri Surawèsthi | putrane lanang | mring Pangran Surabanggi ||

2. ingkang nama Ratu Jalu pêparabnya | tinanêm ing Kêdhiri | jumênêng bupatya | mangkana kang winarna | Senapati ing Kêdhiri | pan kadangira | sami sakit kang galih ||

3. ya ta lajêng utusan atur pariksa | dhumatêng ing Mêntawis | duta mawi sêrat | kunjuk mring Senapatya | ing Ngalaga Sri Mêntawis | bukaning sêrat | nêmbahnya Senapati ||

4. kaunjuka padanta Sri Naranata | Senapati Mêntawis |

--- 2: 65 ---

kang mêngku sêdaya | nêgari tanah Jawa | patikbra pun Senapati | Kêdhiri mangkya | yèn parêng sêdya ngabdi ||

5. lan sakadang kawula sêdaya tiga | sumêdya mangênjali | dene kang dinuta | Surakarti kang nama | wus budhal saking Kêdhiri | agêgancangan | datan kawarna margi ||

6. sampun prapta ing Mêntaram Senapatya | nuju miyos siniwi | aglar pra punggawa | prajurit lan satriya | mantri prameya bupati | lan pangalasan | sêntana para siwi ||

7. dêmang răngga pandêlêgan alap-alap | busana warni-warni | lir prawata padma | Senapati alênggah | nèng dhampar gadhing rinukmi | lêlèmèkira | babut pêrangwêdani ||

8. isi sari ingapit kang ucapara | kang ngampil para èstri | kang anggana raras | angapit kèri kanan | palawija dhêngkak wujil | cebol walikan | palisêr bucu dhampit ||

9. Măndaraka tan têbah dènira lênggah | kêlamun dèn tingali | lir pêndah Bêthara | Endra duk siniwaka | widadari ngapit-apit | anèng kayangan | pradăngga angêrangin ||

10. lagya eca sewaka wau praptanya | caraka ing Kêdhiri | nèng sor ringin kêmbar | marikêlu lênggahnya | kawistarèng Senapati | alon ngandika | wau ta Senapati ||

11. angandika dhumatêng ing pangalasan | pirsanên sor waringin | ika ta wong apa | kang sinung ujar nêmbah | mentar prapta

--- 2: 66 ---

sor waringin | wus pinariksa | titi sêdayanèki ||

12. sigra wangsul umatur mring Senapatya | sêdayanira sami | ing saaturira | sêdaya ponang duta | ya ta angandika aris | Ki Senapatya | timbalana dèn aglis ||

13. wus ngandikan sapraptanirèng ngayunan | caraka mangênjali | ngaturkên pustaka | tinampèn Senapatya | binuka sinukmèng galih | sampun kadriya | têmbunge kang kintèki ||

14. Senapati langkung sukanirèng driya | lajêng ngandika aris | dhatêng ing Pangeran | Wiramênggala mangkya | Wiramênggala sirèki | mlakua marang | nêgara ing Kêdhiri ||

15. Senapati Kêdhiri sira mapaga | sun kanthèni sirèki | Tumênggung Lap-alap | lawan mantri majêgan | tuwin ingkang pra bupati | nêgari Pajang | Dêmak sartane maning ||

16. Jagaraga kêlawan sabalanira | dene ta karsa mami | ya Si Alap-alap | dadia kamitua | ing laku milya sirèki | iku caraka | kang têka ing Kêdhiri ||

17. ya gawanên barênga kêlawan sira | mênawa Senapati | wus kumpul lan sira | nuli sira gawaa | mulih marang ing Mêntawis | Si Alap-alap | lan wènèhana kanthi ||

18. tumênggung ing Dêmak atanapi Pajang | sira konên anggitik | marang nêgri Ngrawa | rampung ing pangandika | Pangran Wiramênggalèki | sakanthinira | sandika turirèki ||

19. lajêng sami atur bêkti [bê...]

--- 2: 67 ---

[...kti] ngaras pada | bubar dènnya tinangkil | kundur malbèng pura | Senapati Ngalaga | kunêng ta malih winarni | Kangjêng Pangeran | Wiramênggala nênggih ||

20. sampun prapta dalêm lajêng asiaga | samêktaning ajurit | Tumênggung Lap-alap | Dêmak kêlawan Pajang | sêdaya wus kumpul sami | sagamanira | tambur bêndhe lan bèri ||

21. wus tinêmbang suwaranira wurahan | budhale ingkang baris | bandera mawarna | lêlayu lan kêkăndha | rontèkira amarnèni | busanèng wadya | apan awarni-warni ||

22. tan kawarna ing marga wau lampahnya | wus prapta ing Kêdhiri | tata pêsanggrahan | dhusun Pakuncèn nulya | wus sami angati-ati | barisanira | prajurit amiranti ||

23. Senapati ing Kêdhiri dutanira | sampun kinèn tur uning | dhatêng gustinira | Senapati Ngalaga | Pangran Wiramênggalèki | kinèn mêthuka | dhumatêng Senapati ||

24. sarta ngirid sagunge para bupatya | samêkta kang prajurit | caraka gya mentar | panggih lan gustinira | Senapati ing Kêdhiri | katur sêdaya | purwa malah mêkasi ||

25. Senapati Kêdhiri dupi miyarsa | lajêng siyaga aglis | lan sagarwa putra | tan kari kadang tiga | sakulawarga tut wuri | wêtawisira | kalih atus kèhnèki ||

26. pan sumêja kumpul wadya ing Mêntaram | budhal tilar wismèki | Ratu Jalu myarsa | anulya pêparentah | mring prajurit [prajuri...]

--- 2: 68 ---

[...t] anututi | kinèn numpêsa | aja na ingkang kèri ||

27. katututan Senapati anèng Krakal | lajêng campuh ing jurit | wadya ing Mêntaram | myarsa lajêng tumandang | atêtulung ing ajurit | lir singa lodra | tandange wong Mêntawis ||

28. kèdêk kèlês wong Kêdhiri yudanira | akathah kang ngêmasi | kang gêsang lumajar | datan măngga puliha | saparan-paran angungsi | wau kawarna | Ratu Jalu Kêdhiri ||

29. lajêng tutup kori sakèthènging kutha | sagung wadya Mêntawis | tan wontên ngungsira | gya wangsul pasanggrahan | Senapati ing Kêdhiri | atmajanira | Ki Mas Balimbing kanin ||

30. Senapati Kêdhiri sampun kêpanggya | Pangran Wiramênggalèki |[13] nêmbah ngaras pada | sagarwa putranira | miwah kadangira katri | kangjêng pangeran | dhawuhi wadya wuri ||

67. Pangkur

1. Pangeran Wiramênggala | wus wêrata undhangira anênggih | sêksana budhalan sampun | kundur dhatêng Mêntaram | Senapati ing Kêdhiri atut pungkur | lampahira jêng pangeran | anèng Jagaraga mêrgil ||

2. Ki Tumênggung Alap-alap | lan Dipati Dêmak Pajang tinuding | ambêdhaha Tulungagung | sêmana sigra budhal | tan winarna sampun prapta Tulungagung | warnanên Tumênggung Ngrawa | sampun amiyarsa warti ||

3. yèn prajurit ing Mêntaram | Ki Tumênggung Lap-alap kang nindhihi | arsa bêdhah Tulungagung | lajêng [la...]

--- 2: 69 ---

[...jêng] siyagèng yuda | saha wadya sajabaning kitha mêthuk | ambêlabar barisira | ya ta wadya ing Mêntawis ||

4. lajêng mangsah ing ayuda | tambur bêndhe lawan bèri tinitir | swarane umung gumuruh | lir rêbah kang akasa | wong ing Ngrawa kèdêk kèlês yudanipun | prajurit kathah kang pêjah | ingkang urip bubar ngisis ||

5. lumayu asalang-tunjang | rêbut dhingin saparan-paran ngungsi | sagungê wadya Mêntarum | ya ta lajêng jêjarah | dunya brana pawèstri saananipun | kêbo sapi bèbèk ayam | sampun sami dèn jarahi ||

6. wadyabala ing Mêntaram | suka-suka ingkang manggih pawèstri | saênggènira pinangguh | èstrinya gya rinampas | kang sawênèh jaka manggih prawan ayu | solahira motha-motha | kadi bajo angêjawi ||

7. pinondhong sarwi ngarasan | bok pêrawan anggraut anyokoti | labêtira dèrèng tau | pinêrdi ing asmara | duk kakênan bok pêrawan kagèt jumbul | wêkasan mangèngèh suka | malah-malah jaluk maning ||

8. ya ta kang wus mênang yuda | Ki Tumêggung Lap-alap printah aglis | budhalan sawadyanipun | sarta bêkta jarahan | tan winarna Jagaraga sampun rawuh | wus panggih kangjêng pangeran | katur solahnya tinuding ||

9. ing purwa madya wusana | jêng pangeran sêksana printah aglis | kundur mantuk mring Mêntarum | sigra enjingnya budhal | tan winarna ing marga [mar...]

--- 2: 70 ---

[...ga] praptèng Mêntarum | Senapati ing Ngalaga | anuju miyos siniwi ||

10. pêpak ingkang wadyabala | pra sêntana pra putra sami nangkil | kêsaru ing praptanipun | Pangran Wiramênggala | lajêng marêk ing ngarsa mangaras suku | wus kinèn lênggah ing ngarsa | sawusira tata linggih ||

11. umatur rèhnya dinuta | amiwiti malah ta amêkasi | lawan ngaturakên wau | Kêdhiri Senapatya | garwa putra kadang warga ingkang tumut | tanapi sagung jarahan | saking ing nêgari Ngrawi ||

12. Senapati ing Ngalaga | duk miyarsa langkung suka kang galih | Pangran Wiramênggalèku | apan sampun ginanjar | Alap-alap Dipati Dêmak Pajang wus | sêdaya sami ginanjar | miwah sagunging prajurit ||

13. Senapati ing Ngalaga | angandika dhatêng kang paman aris | paman Măndaraka niku | Senapati Mamênang | inggih kula paringi sakadangipun | wisma anèng ing Mêntaram | lawan kula ganjar malih ||

14. busana kang endah-endah | lawan paman Senapati Kêdhiri | puniku sun pundhut sunu | Măndaraka turira | iya thole bangêt gon ingsun jumurung | wus wêrata undhangira | Senapati ing Kêdhiri ||

15. ing mangke pinundhut putra | marang wau Senapati Mêntawis | kinarya putra pêmbayun | asangêt kinasihan | pinaringan kang dadya lênggahing dhusun | kalih bêlah èwu karya | kadangnya sami pinaring ||

16. siti sawêtawisira [sawêtawi...]

--- 2: 71 ---

[...sira] | duk sêmana Senapati Mêntawis | karsa karya kutha agung | pagêr bata bacingah | bata abang sêling lawan bata pingul | dadya balowarti kitha | bacingah dipun wastani ||

17. ingkang anjênêngi karya | Senapati Kêdhiri nguwasani | tan alami dadya sampun | ingkang kutha bacingah | sakêlangkung prayoga kang sarta pêngkuh | sinêngkalan duk ing dadya | trusna sirna buta aji |[14]|

18. Panêmbahan Senapatya | ngandika mring Senapati Kêdhiri | ya pagene kutha iku | nora winehan iya | lêlompongan kinarya pirantinipun | mêrnahakên bêdhilira | Senapati ing Kêdhiri ||

19. alon wau aturira | bilih wontên mêngsah inggih kang prapti | ulun nêdya arsa mêthuk | jawi praja Mêntaram | sampun ngantos malêbêt nêgri Mêntarum | Panêmbahan angandika | mring Senapati Kêdhiri ||

20. ingsun angrungu wirayat | wong bang wetan arsa ngrusak samangkin | iya mring praja Mêntarum | wong Mêntaram kang kalah | ing pêrange wong bang wetan ingkang unggul | wong Mêntaram kèh kasoran | apa sira Senapati ||

21. iya ngrungu kang wirayat | ingkang kaya mêngkono duk ing nguni | Senapati alon matur | yèn taksih gêsang kula | kados botên kêlampahan bab puniku | kawula gusti sumagah | tinandhinga ing ajurit ||

22. lan tiyang tanah bang wetan | inggih benjing kula ingkang numpêsi [numpê...]

--- 2: 72 ---

[...si] | Panêmbahan myarsa atur | kêlangkung sukèng driya | kunêng malih gêntia ingkang cinatur | para bupati bang wetan | kumpul nèng Madiun sami ||

23. sumêja bêdhah Mêntaram | ingkang dadya pangagênging bupati | Dipati Gêndhing ranipun | kang dadya kanthinira | Ki Dipati Pêsagi pêparabipun | sêksana prasamya budhal | samêkta gêgaman jurit ||

24. gêgaman awarna-warna | lampahira pinaro dados kalih | Dipati Gêndhing puniku | ingkang ngirid gêgaman | kang sêpalih mêdal lère rêdi Lawu | Dipati Pêsagi ingkang | nindhihi gaman sêpalih ||

25. mêdal sakiduling arga | Lawu sarta gêgaman kang sêpalih | langkung agêng barisipun | kawarnaa sêmana | Panêmbahan Mêntaram ingkang winuwus | sampun ingaturan wikan | dhatêng mantri juru tamping ||

26. bupati măncanêgara | ing bang wetan sêdya arsa ngayoni | bêdhah nêgari Mêntarum | langkung kathah kang wadya | ingkang dados pangirid lampah puniku | Dipati Gêndhing ranira | pangagêng ingkang satunggil ||

27. pangagêng satunggalira | Adipati Pêsagi wastanèki | kang gêgaman langkung agung | wau ta ingkang wadya | lir samodra bêlabar lamun dinulu | lampahe kang wadyabala | pan inggih pinara kalih ||

28. Adipati Gêndhing mêdal | lèring ngêrdi Lawu ingkang sêpalih | inggih kang lumampah kidul | gêgaman sapalihnya | Adipati Pêsagi têtindhihipun [têtindhih...]

--- 2: 73 ---

[...ipun] | Senapati ing Ngalaga | sêmana miyos siniwi ||

29. pêpak putra myang sêntana | pra punggawa bupati para mantri | satriya kêlawan juru | pêngalasan lan dêmang | răngga tăndha tăndhamoi pan supênuh | Ki Dipati Măndaraka | lênggah cakêt Senapati ||

30. jêjêl pipit pênangkilan | Panêmbahan Senapati lingnya ris | mring Kyai Măndraka wau | paman kula miyarsa | wong bang wetan ing mangke sami anglurug | dhumatêng praja Mêntaram | mangke paman karsa mami ||

31. kula arsa tumêdhaka | Ki Dipati Măndraka aturnya ris | lah iya prayoga kulup | Senapati Ngalaga | angandika wêcanane manis arum | hèh sagunge pra dipatya | manirarsa mangsah jurit ||

32. mapag baris wong bang wetan | Senapati Kêdhiri awotsari | alon wau aturipun | pukulun sri narendra | nadyan parêng tan parênga atur ulun | sampun paduka tumêdhak | anjênêngi ing ajurit ||

33. mêngsah lan tiyang bang wetan | angamungna kula kewala gusti | ingkang tumanggah ing ripu | pan inggih dèrèng ulap | akêriga lan bêbayine sêdarum | pukulun tiyang bang wetan | salin sinom têmbangnèki ||

68. Sinom

1. cawêta lawan wadonnya | ulun inggih dèrèng ajrih | amêngsah tiyang bang wetan | mila panêdhèngsun gusti | sampun-sampun nindaki |

--- 2: 74 ---

tiyang bang wetan yèn ripu | ngêmungêna kawula | ingkang amapag ing jurit | Panêmbahan sarêng wau amiyarsa ||

2. Senapati aturira | kêlangkung sukaning galih | wusana alon ngandika | yèn kaya mêngkono kaki | iya ingsun turuti | ingkang dadi panuwunmu | putraningsun Purbaya | ngiringa wadya sêpalih | sêparone Senapati kang ngirida ||

3. sandika kang dhinawuhan | lajêng siyagèng ajurit | prajurit muntab bêlabar | Pangran Purbaya ngabêkti | kêlawan Senapati | tanapi para tumênggung | pamit anulya budhal | salomprèt tambur lan bèri | bendhe ngangkang kadya rêbah kang akasa ||

4. barung swaraning wahana | gunging wadya kang lumaris | anglir wadu ăngga sasra | wardu lintah kang upami | anèng banyu sayêkti | sasra sèwu kathahipun | sarêng ing kêlabira | anèng sajêroning warih | gungeng wadya busana mawarna-warna ||

5. bul-umbul gula kêlapa | kadi kluwung nêmu riris | bandera gula kêlapa | sinawang lir obar-obir | songsong mêkar upami | lir pêksi krêndha ngêndhanu | sinêrêg lampahira | wadya gung wus praptèng aji | Senapati matur mring Pangran Purbaya ||

6. anggèr bok pinarêng karsa | wadya punika pinalih | ingkang sêpalih sampeyan | inggih ingkang anindhihi | dene ingkang sêpalih | kawula ingkang amangku | paduka amêthukna | mêngsah kang mêdal lèr ardi | kula ingkang amêthukna ingkang mêngsah ||

--- 2: 75 ---

7. kang mêdal sakidul arga | Pangeran Purbaya myarsi | Senapati aturira | kêlangkung sukaning galih | mangsuli gih prayogi | saksana budhalan sampun | ing dhusun Utêr prapta | wadya gung pan sampun palih | lampahira anèng marga wus apanggya ||

8. lawan wadya ing bang wetan | ya ta lajêng campuh jurit | bêdhil muni bêrondongan | mimis tiba lir gurimis | kêpanggih sami wani | sawênèh suduk-sinuduk | ana tumbak-tinumbak | apêdhang-pinêdhang gênti | wontên janma amadati milya aprang ||

9. satêngahira ngayuda | kêtagihan angranuhi | watuke kasêlak-sêlak | netranira bêrbês mili | tan pêgat dènnya wahing | umbêlira mulur-mulur | asru panjêritira | adhuh babo sanak mami | bok inggiha paring pitulung mring kula ||

10. kêlèlèt saking sakacang | ing benjing kêlamun prapti | nèng wisma amalês ingwang | napa kang dika karêpi | sênadyan rabi mami | kêlamun karsaa mundhut | măngsa inggih lêpata | kêlamun kula saniki | pinaringan kêlèlèt saking sakacang ||

11. rewange ana angucap | adhuh kănca-kănca mami | têtêpêna usus ingwang | wêtêng ngong kêna ing biring | bêsuk ingsun warahi | aji jaya dimèn têguh | nora têdhas ing braja | ana rewange nauri | kêcocotan sira wong wis dadi bathang ||

12. dadak bisa adol umbag | angaku duwèni aji [a...]

--- 2: 76 ---

[...ji] | kadigdayan kaprawiran | tan têdhas sakèhing wêsi | lamun duwea aji | măngsa brodhola ususmu | sira pantês sinurak | kang tatu lara anangis | kalesedan ambêkane mêgap-mêgap ||

13. akèh sambat kang kêbranan | sêsambate warni-warni | ana sambat bapa biyang | wênèh sambat kaki nini | asambat garwa siwi | mung wong madati gêluruh | adhuh bêdudan ingwang | cupak durung ngong urêki | uwis gublêg sapa baya ngurêkana ||

14. ya ta ramening ayuda | wong bang wetan akèh mati | kang sawênèh nandhang brana | lumayu kang maksih urip | angungsi ing wanadri | lumayu anusup-nusup | malêdug bubar-bubar | salang-tunjang rêbut dhingin | asasaran lumayu rêbut koripan ||

15. Dipati Pêsagi miyat | wong bang wetan bubar gusis | sigra mangsah ing ayuda | ngêmbat lawung nitih wajik | Senapati ningali | pamanira mangsah ngamuk | Senapati sêksana | nitih kuda mangsah jurit | lawungira kumitir anèng ing asta ||

16. cinêgatan ingkang paman | wus kêpanggih padha siji | Senapati asru ngucap | paman sampeyan dèn eling | awit măngsa puniki | Senapati ing Mêntarum | kang gadhah tanah Jawa | sampeyan badhe ngayoni | măngsa inggih kêlakona sêdya dika ||

17. yèn kawula maksih gêsang | Dipati Pêsagi myarsi | Senapati wuwusira | asugal dènira angling | hèh sira Senapati [Se...]

--- 2: 77 ---

[...napati] | ujarmu têka kumênthus | anantang wong atuwa | măngsa gagapa basuki | Adipati Pêsagi sigra anumbak ||

18. ginêbang watang malêsat | amatang Ki Senapati | lumarap watang ginêbang | kalihe ganti nglarihi | tan ana kang katlisir | Dipati Pêsagi gupuh | kudane Senapatya | tinumbak andhêmannèki | kuda ambruk Senapati gya malumpat ||

19. tangginas sigra anumbak | kudanira Ki Pêsagi | andhêman kang kawatgata | kuda ambruk angêmasi | malumpat Ki Pêsagi | sami dharat kalihipun | dangu lantaran watang | rêmpu watangira sami | ya ta candhak-cinandhak kang ikêt pinggang ||

20. sarêng anarik curiga | asuduk-sinuduk gênti | tan wontên ingkang kuciwa | kulite tan ana busik | saking mandining kêris | kalihira sarêng ambruk | sami nuntak ludira | sarêng dènnya angêmasi | kadangira Senapati duk tumingal ||

21. Senapati wus palastra | anèng samadyaning jurit | sarêng mungsuhira yuda | pangamuke ngobrak-abrik | singa sinêrang mati | wong bang wetan bubar larut | Dipati Gêndhing miyat | Dipati Pêsagi mati | langkung duka sigra mangsah ing ayuda ||

22. nitih kuda ngêmbat watang | panggih kadang tiga sami | Adipati Gêndhing mojar | sirèku bocah Kêdhiri | ngèngèr marang Mêntawis | nauri Kenthol Jêjanggu | aja kakehan ujar | sasênênge [sasênêng...]

--- 2: 78 ---

[...e] wong angabdi | măngsa dadak wêdia mocok dhasira ||

23. Dipati Gêndhing bramatya | sêksana sigra nglarihi | watange ginêbang mlêsat | kadang kalih anglarihi | saking ing kanan kering | lambungira apan têrus | Dipati Gêndhing pêjah | aniba saking turanggi | wong bang wetan bubar larut salang-tunjang ||

24. lumayu saparan-paran | Kenthol Jêjanggu nulya glis | marani mring layonira | Senapati kang ngêmasi | katiga sarêng nangis | anungkêmi layonipun | sêksana gya binêkta | marang ing pakuwon nuli | binêrsihan lajêng tinrap ing bandhusa ||

25. Kangjêng Pangeran Purbaya | parentah kinèn jarahi | sêdaya sampun jinarah | saanane ingkang kari | kang rajabrana sami | jêng pangran parentah kundur | dhumatêng ing Mêntaram | kêbut wadyabala sami | jêng pangeran andhinginakên utusan ||

26. atur priksa panêmbahan | yèn sampun unggul kang jurit | nanging Senapati pêjah | caraka umêsat prapti | nêgari ing Mêntawis | lajêng tumamèng ing ngayun | manêmbah ing suku sang | wus katur sêdaya titi | purwa madya wusana kunjuk sêdaya ||

27. Panêmbahan Senapatya | sêkala sarêng miyarsi | kêlangkung pangungunira | sêksana ngandika aris | jisime Senapati | kuburên ing wêdhi iku | caraka nêmbah mentar | Panêmbahan Senapati | sigra miyos siniwi nèng sitibêntar [si...]

--- 2: 79 ---

[...tibêntar] ||

28. adangu dènnya sewaka | Pangeran Purbaya prapti | lajêng umarêk ngayunan | jêng pangeran angabêkti | katur sêdayanèki | rèhira amangun pupuh | Senapati Ngalaga | lajêng agêganjar aglis | kang mênang prang prapta pêkathik wêrata ||

29. Senapati ing Ngalaga | mujar mring punggawa sami | ing samêngko èstrènana | kadangira Sênapati | Si Saradipa mangkin | sun angkat dadi tumênggung | lan sun paringi nama | Martalaya lawan maning | Si Jêjanggu iku sun paringi nama ||

30. iya Dipati Supănta | lan Si Kartimăngsa iki | sun angkat dadi bupatya | Saradipa kang wêwangi | dene ta Ki Mas ari | samêngko sun junjung lungguh | dadi Dipati Dêmak | kathah kang jinunjung linggih | pra punggawa jumurung angguladrawa ||

69. Dhandhanggula

1. kunêng mangke nêgari Mêntawis | Adipati Pathi kang winarna | kêlangkung sakit galihe | awit bêdhah Madiun | ingkang galih ki adipati | sumêja ngayonana | nanggulang ing ripu | dhumatêng ing Senapatya | wus alami dènira anggabah dasih | prajurit ing Santênan ||

2. nanging ewuh kang kinarya wiwit | ki dipati têmah karsa beka | pra sêntana ngampah kabèh | dhuh gusti sampun-sampun | mêngsah yuda lan Senapati | punapa kang rinêbat | tan sae rinungu | dhatêng tyang măncanêgara | liya nêgri sayêkti sami ngèsêmi [ngè...]

--- 2: 80 ---

[...sêmi] | mêngsah prang lawan kadang ||

3. Adipati Pathi datan gigrig | ginarumung mring para sêntana | Dipati Pathi nglingnya lon | mantri loro ngong utus | lumakua marang Mêntawis | sebaa Senapatya | matura sirèku | lor gunung Kêndhêng kang desa | ingsun suwun lan ingsun anyuwun maning | tumbak salandhehannya ||

4. kèhe satus wau kang tinuding | nêmbah mentar saking ing ngayunan | ing marga tan winiraos | wus prapta ing Mêntarum | lajêng marêk mring Senapati | katur sêdayanira | ing sawêlingipun | adipati ing Santênan | Senapati tan samar ingkang panggalih | ya ta alon ngandika ||

5. iya ingsun paringkên si adhi | de salore gunung Kêndhêng samya | anadene panuwune | tumbak akèhe satus | lawan landhehane sun paring | tumbak tanpa ladhehan | iya kèhe satus | caraka amit tur sêmbah | sigra lèngsèr datan kawarna ing margi | nêgri Pathi wus prapta ||

6. punang duta majêng praptèng ngarsi | Senapati wus katur wêlingnya | dipati wuwuh runtike | kunêng mangke winuwus | Senapati Ngalaga nênggih | saungkuring caraka | angaturi wau | mring kang rama Măndaraka | sami lênggah anèng salêbêting puri | Senapati ngandika ||

7. inggih paman ing mangke pun adhi | Adipati Santênan wus nyata | maring kula balelane | Măndaraka myarsa tur | sakêlangkung ngunguning galih [ga...]

--- 2: 81 ---

[...lih] | ya thole nora kêna | takdire Hyang Agung | ing lokil makful wusana | tulisane sagunge makluk puniki | măngsa bisaa owah ||

8. kunêng Senapati ing Mêntawis | Adipati Pathi kawarnaa | sadhatênge carakane | lajêng parentah wau | ambahaki kang dèsi-dèsi | nêlukkên tiyang desa | sêdaya lèr gunung | Kêndhêng wus nungkul samoa | amung Dêmak tan arsa têluk mring Pathi | sumêdya mapag yuda ||

9. muwêr anèng salêbêting biting | ya ta wau Dipati Santênan | sarêng wus kathah balane | samêkta gamanipun | lajêng undhang budhal tumuli | tambur munya brang-brangan | bêndhene angungkung | kang wadyabala gumêrah | kang sinêdya ambêdhah nêgri Mêntawis | lampahe kang gêgaman ||

10. langkung rêsah ing samargi-margi | angêrayah jarah mring wong desa | pawèstri sami binoyong | mantri tampingan dulu | nulya lajêng atur upêksi | dhatêng nêgri Mêntaram | praptèng ngarsa prabu | tundhuk lawan Senapatya | sampun katur sagunge ingkang pawarti | Senapati ngandika ||

11. mring kang putra Pangran Adipati | Anom Purubaya ing Mêntaram | hèh thole mangkata kowe | lawan wongmu Mêntarum | kabèh padha iridên kaki | nanging wêkas manira | pamanira iku | aja kalawani[15] aprang | elingêna dene bangêt têmên lali | sira purih elinga ||

12. ewadene lamun mêksa lali | ladènana [ladè...]

--- 2: 82 ---

[...nana] ing sakarêpira | iya tumbakira kiye | anggonên ing prang pupuh | Adipati Măndraka angling | lah priye karêpira | dene ta anakmu | bae sira kon amapag | prang sun kira nora kêlar anadhahi | prange si adipatya ||

13. panêmbahan alon amangsuli | paman mila gih wayah sampeyan | kang kula kèn mêthukake | dhatêng pun adhiniku | kula purih sagêda eling | inggih măngsa kolua | dhatêng anakipun | Ki Dipati Măndaraka | duk miyarsa kèndêl datanpa mangsuli | pangeran adipatya ||

14. sigra budhal sakuswala ngiring | kèndêl baris anèng Pêrambanan | Dipati Pathi wadyane | Kêmalon sampun rawuh | rêrêb anèng Kêmalon sami | enjing siyaga budhal | barisira dulur | jêng pangeran adipatya | aparentah maju ingkang ponang baris | mung wadya upacara ||

15. wadya kathah pan tinilar sami | baris pêndhêm anèng ing Prambanan | tan dangu wau lampahe | wadyabala kapêthuk | lawan wadyabala ing Pathi | Dipati Pathi miyat | sangêt kagètipun | wontên kang mêthuk ing yuda | tanpa wadya mung upacara kang ngiring | dangu-dangu sinawang ||

16. datan pandung dènnya aningali | kang dèn iring sagung upacara | kêlamun wau putrane | pangran dipati iku | putranira kang raka nênggih | ingkang umapag yuda | pinêthukkên sampun | dhumatêng wau kang paman [pa...]

--- 2: 83 ---

[...man] | sarêng panggih kalihe sami ningali | dipati ing Santênan ||

17. sakêlangkung kanggêg ingkang galih | awor lèngsêm sêksana mangarsa | maksih nitih kuda bae | têtanya asru muwus | thole bapakamu nèng ngêndi | lan sira mapag ingwang | apa ta gawemu | pangeran dipati turnya | nênggih maksih amanggung anèng turanggi | paman lampah kawula ||

18. pan dinuta ing rakamta nênggih | kinèn matur dhumatêng sampeyan | mênggah gèn sampeyan badhe | dhumatêng ing Mêntarum | paran karsa ingkang ginati | yèn karsa ngêrbat praja | inggih ing Mêntarum | kagungan sampeyan pyambak | sami ugi kalihan nêgari Pathi | dhawuhipun jêng rama ||

19. pan sampeyan kinèn wangsul mangkin | Adipati Santênan miyarsa | ingkang putra aturane | malengos sarwi mungkur | asru dènnya mangsuli angling | ingsun uwis uninga | watêke bapakmu | sok ngenaki ngarêpannya | ing saiki thole balia dèn aglis | bapakmu konên mapag ||

20. ya mêrene katêmua mami | padha tuwa jêng pangran aturnya | bilih sampeyan ing mangke | inggih tan karsa wangsul | sarta botên èngêt ing galih | anggèn sampeyan gadhah | sadhèrèk sang prabu | dhawuhipun kangjêng rama | kula kinèn ngladosi karsanta mangkin | kula binêktan watang ||

21. inggih kinèn ngangge angladosi | ing sampeyan apa karsanira [karsa...]

--- 2: 84 ---

[...nira] | Dipati Pathi ambêkès | sugal dènira muwus | pakmu bangêt amêjanani | iya marang manira | sira iku kulup | dudu tandhingku ngayuda | lawan iku kang taksêdya ati mami | iya gandhengan kunca ||

22. iya ngadu ing pêrêding kulit | kêncênging otot lan tosing tulang | têpung bau liru kanthèt | sira mungsuh lan ingsun | nora kêlar sira ta kaki | pangran dipati myarsa | sangêt runtikipun | wau dhumatêng kang paman | jêng pangeran kang paman dipun larihi | kenging ing jajanira ||

23. sangêt jola nanging tan nêdhasi | sruh ngandika sira iki bocah | tan kêna dèn eman wangkot | iya balia gupuh | lah undangên bapakirèki | konên têmu lan ingwang | pangran dipatiku | sêksana malih anumbak | sang dipati angganira kraos sakit | nanging kulit tan pasah ||

24. sugal angling Adipati Pathi | bocah iki iya nora kêna | ginawe bêcik yêktine | thole balia gupuh | bapakamu konên nadhahi | amapag yudaningwang | padha tuwa kulup | pangeran dipati sigra | anumbaki dhumatêng Dipati Pathi | wanti-wanti tan pasah ||

25. kraos sakit Adipati Pathi | lajêng nyandhak watangira nulya | winalik wau tumbake | binuntar sang abagus | jajanira pangran dipati | kang kawatgatèng buntar | pangeran sumaput | aniba saking turăngga | pan karungkêp tan emut pangran dipati | gumuling [gu...]

--- 2: 85 ---

[...muling] nèng bantala ||

26. gya rinêbat mring kang wadya sami | ginosongan binêktèng sanggrahan | ing Prambanan pakuwone | abdi wontên kang mlayu | angaturi pariksa maring | nêgari ing Mêntaram | sang dipati wau | lajêng sami mêsanggrahan | sawadyanya parêk kali Dêngkèng nênggih | bêbiting pakuwonnya ||

27. kawarnaa ingkang atur uning | mring Mêntaram sêmana wus prapta | lajêng marêk ngarsa age | manêmbah lon umatur | gusti ulun atur udani | putra nata kantaka | sangêt dènnya kantu | winatang dhatêng kang paman | Senapati miyarsa kagèt tan sipi | ngandika mring kang garwa ||

28. padmi ingkang saking nêgri Pathi | bakyunira Dipati Bêrgola | nimas arinira mêngko | iya lali satuhu | pêrtandhane kolu ta yayi | anumbak ponakannya | ingkang garwa matur | yèn mêkatên kula lila | pêjahipun rayi paduka ing Pathi | sabab sampun katingal ||

29. awonipun rayi tuwan Pathi | Senapati angrasuk busana | parentah ing wadya kabèh | samêkta ing prang pupuh | Măndaraka Sang Adipati | dhèrèk amangun yuda | wadyanya sêdarum | prasami munggèng turăngga | sêsandêran datan kawarna ing margi | wus prapta pêsanggrahan ||

30. Pêrambanan wancinira wêngi | Panêmbahan akèndêl sakêdhap | anata wadyane kabèh | ing wanci lisir[16] dalu | wus samêkta budhal tumuli | Dipati Măndaraka | tan pisah tut pungkur | lampahe [la...]

--- 2: 86 ---

[...mpahe] kang wadyabala | sampun prapta acakêt kêlawan biting | bala Mêntaram surak ||

31. bêndhe Kyai Bicak wus tinitir | swaranira ngangkang anèng wiyat | wadyabala Pathi gègèr | lumayu gumarubyug | ing saparan-paran angungsi | Senapati Ngalaga | pan arsa lumêbu | salêbêting pabitingan | ingupaya tan kêpanggih ingkang kori | Dipati Măndaraka ||

32. sigra narik curiganya aglis | Kyai Culik wastane curiga | sigra pinancasan age | ingkang bètèng galugu | rantas tiga saksana nuli | Dipati Măndaraka | mring kang putra tuduh | thole lah ta iki marga | gya malêbêt Panêmbahan Senapati | datan sêdya mundura ||

 


Teks asli: Pupuh Sinom. (kembali)
Lebih satu suku kata: bakal sun têmu pèka. (kembali)
turangganipun. (kembali)
Lebih satu suku kata: Tmênggung Gagakbaning lan. (kembali)
Lebih satu suku kata: mlêbêt sajroning kêdhatun. (kembali)
sanggar langgatan. (kembali)
sampun. (kembali)
Lebih satu suku kata: nama Pnêmbahan Krapyak. (kembali)
Kangjêng. (kembali)
10 mogok. (kembali)
11 parimanèki. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: èsmu kagiwang kusumèng puri. (kembali)
13 Labih satu suku kata: Pangran Wramênggalèki. (kembali)
14 Tanggal: trusna sirna buta aji (1509). (kembali)
15 kolawani. (kembali)
16 lingsir. (kembali)