Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

BABAD PEDJADJARRAN

No. 3.

Punika Sêrat Babad Tanah Jawi

Ôngka 3.

Awit anyariyosakên Pangeran Pêkik bidhal bêdhah ing Giri, saingga dumuginipun Untung bidhal saking nagari Carêbon. Mawi kasêkarakên.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan G. C. T van Dhorêp ep ko, ing nagari Sêmarang, Surabaya, Bandhung, ing taun 1925.

--- 3 : [3] ---

Sêrat Babad ing Tanah Jawi.

Ôngka 3.

1. SinomTeks asli: Pupuh Sinom.

1. praptane Kasurabayan | sêdaya lajêng binagi | pawèstri miwah bêrana | mring wadya kang milu jurit | wêradin sêdayèki | praptèng pêkathik sêdarum | tan ana kaliwatan | kunêng nêgari Mêntawis | kawarnaa Wêlônda Sêpanyol prapta ||

2. wontên ing tanah Jakarta | sumêdyanira agrami | ambêkta kapal têtiga | samêkta kêprabon jurit | kang dadya senapati | anama Baron Murjangkung | lajêng wau kêpanggya | kêlawan sang adipati | ing Jakarta nèng pasisir pêpanggihan ||

3. kathah atur-aturira | dhumatêng sang adipati | Baron Murjangkung lon mojar | dhuh tuwan sang adipati | akamipurun mami | cumanthaka gadhah atur | kawula nuwun tanah | sakêdhik wontên ing ngriki | inggih badhe kawula damêl pondhokan ||

4. inggih namung sawiyarnya | cucal maesa puniki | gih sapintên rêginira [rê...]

--- 3 : 4 ---

[...ginira][4] | kawula inggih ngaturi | sang dipati ling aris | ya luwih prayoga iku | nanging ta kawruhana | ing tanah Jakarta iki | kagungane kangjêng sultan ing Mêntaram ||

5. wusnya matêng pêrjanjian | Baron Murjangkung nulya glis | jangête lulang maesa | ingukurakên ing siti | jêngêr sang adipati | wusana rêngu amuwus | lah iku kayaparan | mangkono akalirèki | ngong tan awèh yèn mangkono akalira ||

6. Baron Murjangkung lon turnya | kadospundi sang dipati | satriya cidra wicara | saèstu datan prayogi | sanès ambêk wong luwih | Dipati Jakarta rêngu | lajêng mêpak gêgaman | ing têmahan mangun jurit | Adipati Jakarta prange kasoran ||

7. lumayu angungsi ngarga | gununge kêlangkung rumpil | pring orine angayangan | tan kêna sinêrang janmi | Wêlônda kèndêl sami | sêmana Baron Murjangkung | ya ta ngupaya akal | mèt mitra marang wong bumi | wus akathah wong cilik nêgri Jakarta ||

8. kang sami sobat Wêlônda | Baron Murjangkung nulya glis | undhang marang wong Jakarta | ingsun karsa nyêbar ringgit | padha ambilên sami | ya ta wong Jakarta kumpul | enjing anulya nyêbar | Baron Murjangkung kang ringgit | tinibakkên pring ori ingkang dhapuran ||

9. wong Jakarta rêrêbutan | pring ori dipun babadi | ringgit ingkang dèn upaya | ya ta ing alami-lami [a...]

--- 3 : 5 ---

[...lami-lami] | pring ori sampun bêrsih | Dipati Jakarta mlayu | tur priksa mring Mêntaram | nusup-nusup lampahnèki | kunêng Baron Murjangkung ingkang winarna ||

10. yasa bètèng glugu sigra | ing têngah pinasêg siti | ing Jakarta wus satata | wontên cinarita malih | Baron Sêkèdhèr nguni | saking praja sêdyanipun | arsa tandhing prawira | lan Kangjêng Sultan Mêntawis | angêjawa lumampah mêdal gêgana ||

11. sêmbrani titihanira | pêksi gurdha kang mayungi | manglarmuna wastanira | êlare sêdaya rukmi | ya ta wau winarni | nênggih Kangjêng Sultan Agung | adarbe kêlangênan | jin anèng gunung Mêrapi | sinung parab jin puniku Juru Taman ||

12. kangjêng sultan nuju lênggah | anèng ing gunung Mêrapi | apitêkur tanpa rowang | manêgês karsèng Suksma di | Baron Sêkèdhèr prapti | anèng saluhuring gunung | ngungkuli kangjêng sultan | wau kang kuda sêmbrani | nulya ambruk andhêkêm tan bisa obah ||

13. tuwin pêksi manglarmuna | andheprok tan bisa osik | Baron Sêkèdhèr sru kagyat | nolèh nganan nolèh ngering | waspada aningali | wontên janma apitêkur | sêksana pinaranan | sapraptanira ing ngarsi | ya ta Baron Sêkèdhèr tan bisa obah ||

14. Jêng Sultan Agung ngandika | sapa janma ingkang prapti | apa ta jin pêrayangan | lêlêmbut utawa dhêmit | kêlamun sira janmi | sapa wêwanginirèku | ngêndi pinangkanira |

--- 3 : 6 ---

paran sêdyamu kang mêsthi | mêngko sira prapta anèng ngarsaningwang ||

15. dene datan nganggo rowang | nêmoni nèng pucak wukir | Baron Sêkèdhèr turira | nêgri Holan wijil patik | Baron Sêkèdhèr mami | mila angêjawi ulun | saking sêdyaning manah | arsa atandhing kasêktin | inggih lawan narendra ing tanah Jawa ||

16. dupi prapta nginggil arga | turôngga kula sêmbrani | ngalumpruk tan sagêd obah | lawan pêksi kula inggih | manglarmuna tan osik | kalihnya sami ngalumpruk | wusana badan kula | prapta ngarsa tuwan mangkin | lêsu lupa alarut bayu kawula ||

17. jêng sultan aris ngandika | tutugna sêdyanirèki | duk mangkat saking nêgara | sira arêp angayoni | marang Ratu Mêntawis | yèn sira tambuh maringsun | ingsun Sultan Mêntaram | kang duwèni tanah Jawi | ya ta anglês Baron Sêkèdhèr tyasira ||

18. gusti ulun sapunika | saèstu sampun kajodhi | tandhing prawira lan tuwan | yèn parêng kawula ngabdi | gêgêbal andêdasih | sakarsa ulun tumurut | sang nata angandika | sun tarima sira ngabdi | mring jênêngsun anèng nêgara Mêntaram ||

19. nanging iku manglarmuna | sun pundhut lawan sêmbrani | Baron Sêkèdhèr sumôngga | jêng sultan nimbali êjin | Juru Taman kang nami | ingkang kayangan ing gunung | Mêrapi sampun prapta | mangaras padaning gusti | wontên karya dasa nata ingandikan ||

--- 3 : 7 ---

20. hèh ta Juru Taman sira | mulane ingsun timbali | yaiki sira rêksaa | jaran sêmbrani dèn bêcik | anèng gunung Mêrapi | Juru Taman nêmbah matur | gusti dhatêng sandika | jêng sultan ngandika aris | hèh Sêkèdhèr manukira manglarmuna ||

21. sun pêrnahkên anèng arga | Magiri panjaluk mami | obah osiking nêgara | sirèku awèha uning | Juru Taman sirèki | ing mêngko manira tuduh | pêrnahna manglarmuna | anèng gunung Imagiri | hèh Sêkèdhèr sira milua maringwang ||

22. sun êlih pêparabira | Juru Taman ing saiki | kalihira sarêng nêmbah | ya ta kundur sri bupati | Juru Taman tut wuri | sapraptanirèng kêdhatun | wau sri naranata | anulya parentah aglis | dhatêng wadya arsa tindak mring samodra ||

23. pêpak ingkang upacara | kadi adat sabênnèki | datan kawarna ing marga | Pamancingan sampun prapti | kèndêl sri narapati | Nyi Ra Kidul sigra mêthuk | lajêng kêkanthèn asta | malêbêt sajro jaladri | upacara kantun Mancingan sadaya ||

24. wus prapta sajroning pura | sang nata pinarak mungging | bale kêncana di mulya | sikile sèwu rêspati | Ratu Kidul tan têbih | lan sang nata gènnya lungguh | pawongan jin prayangan | pêri andhèr anèng ngarsi | warnanira ayu endah ting galêbyar ||

25. apan kadya rinarêngga | dening ujyala sang aji | Ratu Kidul matur nêmbah | pukulun sri narapati | sumôngga malbèng puri | sang nata

--- 3 : 8 ---

ya ta tumurut | lajêng kêkanthèn asta | sapraptanira ing puri | nulya minggah ing paprêman kalihira ||

26. dugi dènnya imbal raras | anulya mêdal sêsuci | kacarita sri narendra | tigang wulan nèng jêladri | nutug dènnya karêsmin | lawan Kangjêng Rara Kidul | nuju sawiji dina | sang nata lênggah jro puri | Ratu Kidul datan pisah dènnya lênggah ||

27. kadya mimi lan mintuna | Ratu Kidul lan sang aji | jêng ratu alon turira | rinaras ing sabda manis | winor kincanging alis | têmbunge lir madu juruh | pukulun sri narendra | kang cèthi atur prayogi | jêng paduka ngêdhatona nèng samodra ||

28. mrih tutug ulun mawongan | ing paduka sri bupati | tuwan botên seda-seda | dumugi ing jaman akir | yèn paduka sang aji | ngêdhaton anèng Mêntarum | mèh puput yuswa tuwan | inggih kantun gangsal warsi | jêng paduka jumênêng wontên ing dunya ||

29. sang nata sarêng miyarsa | mèsêm angandika aris | anulya angrangkul garwa | jêng ratu dipun arasi | dhuh mirah ingsun yayi | abangêt tarimaningsun | gonira asih mring wang | palimarma lair batin | ingsun têdha kusuma muga tulusa ||

30. gonira asih maring wang | nanging yayi sun tuturi | manira asal manusa | pan kabèh lêluhur mami | lah iya padha lalis | nèng tanah Jawa kinubur | dadi pêpundhènira | ing saturun-turunnèki | kapindhone ngariloka [ngari...]

--- 3 : 9 ---

[...loka] kanthinira ||

2. Kinanthi

1. ing dina kiyamat besuk | sêdhênge jagad winalik | kabèh titahing Hyang Suksma | manusa luhur pribadi | jin prayangan pri tan timbang | pan nora ngundha-usuki ||

2. lawan manusa ing besuk | upama bumi lan langit | ya maksih luhur manusa | kabèh umating Hyang Widi | sênadyan ta malaekat | apan maksih luhur janmi ||

3. ya ta wau Ratu Kidul | duk myarsa sabda sang aji | marlupa sariranira | kêrasa angrês kang galih | kaluhuran sabda nata | locana andrês umijil ||

4. sêsambatira mlasayun | sumungkêm pangkon sang aji | adhuh kangjêng sri narendra | ulun nênuwun sang aji | kawula tuwan wangsulna | asal kawula ing nguni ||

5. kawula manusa tuhu | wusana mangke dados jin | supados wagêda pêjah | inggih manusa sayêkti | sang nata aris ngandika | kamangkara sira gusti ||

6. yèn sirangsal manusèku | ing ari kiyamat benjing | sayêkti amor manusa | nanging ta yayi sêmangkin | kinarsan dening Hyang Suksma | sira ngratoni dhêdhêmit ||

7. kaya ngapa mirah ingsun | yèn sira nora nglakoni | dadine kalêbu sira | gêgadhangan anampik sih | anêrajang sifat kodrat | kasiku dèning Hyang Widi ||

8. wis ta yayi aja wuyung | sira tinitah ngêmongi | ing saturun-turun ingwang | narendra ing tanah Jawi | paran gonira suminggah | besuk [be...]

--- 3 : 10 ---

[...suk] prapta jaman pati ||

9. sira wong manusa tuhu | awit sira asal janmi | wis mirah aja sungkawa | Jêng Ratu Kidul miyarsi | timbalanira sang nata | saklangkung asrêping galih ||

10. sang nata manabda arum | yayi manira apamit | mulih marang ing Mêntaram | Ratu Kidul matur aris | pukulun sri naranata | kang sèstu panutan mami ||

11. kalilana ulun matur | wasiyat paduka kalih | wangkingan Kyai Sangkêlat | yèn paduka amarêngi | kang satunggal pinaringna | kula rêksa nèng jaladri ||

12. yèn maksih kalih puniku | turun paduka ing benjing | têmah sami rêrêbatan | ing nêgari tanah Jawi | wontên kêkalih narendra | mèsêm ngandika sang aji ||

13. ya bênêr sira mas ingsun | besuk ingsun kundur yayi | sun paringkên sira mirah | Kyai Sangkêlat kang siji | wis nimas sira karia | lawas wadyaningsun nganti ||

14. Ratu Kidul pan èsmu luh | sang nata anulya mijil | sakêdhap prapta Mancingan | wau Kangjêng Sunan Kali- | jaga wus kêpanggih lênggah | anèng ing Parangtaritis ||

15. sang nata sarêng andulu | dhatêng Sunan Kali nênggih | nèng Parangtaritis lênggah | sang nata lajêng ngabêkti | angaras pada manêmbah | sang prabu umatur aris ||

16. pukulun sang maha wiku | kawula anuwun pamit | arsa akarya astana | bumi Mêkah siti sukci | Sunan Kalijaga nabda | jêbèng ingsun tan marêngi ||

17. sapa kang pinundhi [pinu...]

--- 3 : 11 ---

[...ndhi] besuk | turun-turunira wuri | nadyan uga tanah Jawa | ana uga bumi sukci | lah tutêna balang ingwang | mêsthi tiba bumi sukci ||

18. wau binalangkên sampun | tiba sanginggiling wukir | Magiri sang nata prapta | Sunan Kali sampun linggih | anèng pucaking aldaka | sang nata nulya ngabêkti ||

19. Sunan Kali ngandika rum | iki jêbèng bumi sukci | jêng sultan aris aturnya | ngriki sangêt têbih warih | iku sira aja susah | sigra Kangjêng Sunan Kali ||

20. ngêmpit cis ngubêngi gunung | kang êcis kangsrah ing siti | Sunan Kalijaga musna | Sultan Agung wangsul malih | sapraptane Pamancingan | kêpanggih lan wadyanèki ||

21. kangjêng sultan sigra kundur | sapraptanira ing puri | wus panggih lan para garwa | nyi tumênggung dèn dhawuhi | printahêna Wiraguna | lumakua ingsun tuding ||

22. ya marang sagara kidul | anggawa wasiyat mami | kêris ingsun Ki Sangkêlat | nyi tumênggung awotsari | mentar sapraptaning jaba | lawan Wiraguna panggih ||

23. dhinawuhkên sabda prabu | Tumênggung Wiragunèki | timbalanira sang nata | jêngngandika pan tinuding | anglabuh Kyai Sangkêlat | inggih dhumatêng jaladri ||

24. Mancingan sagara kidul | kaparingkên kangjêng nyai | Ki Tumênggung Wiraguna | sandika aturirèki | lajêng sêdhiya sêdaya | tan dangu pawongan mijil ||

25. angêmban kêndhaga pangguh | lan Ki Wiraguna nênggih | dhinawuhkên sabda nata | Wiraguna wus [wu...]

--- 3 : 12 ---

[...s] atampi | kêndhaga anulya budhal | sarwi dèn songsongi kuning ||

26. Pamancingan sampun rawuh | piranti pinggir pasisir | umatur maniskaranya | dinuta sri narapati | umbak aris lembak-lembak | wus rampung aturirèki ||

27. ya ta kang dupa kumêlun | alun agêng andhatêngi | lir kinêbur kang samodra | kang gèthèk binêkta warih | marang satêngah samodra | Wiraguna maksih linggih ||

28. anèng sapinggiring laut | ya ta tan adangu prapti | kang gèthèk binêkta umbak | kêndhaga datan kaèksi | sigra Kyai Wiraguna | budhal mulih ing Mêntawis ||

29. sapraptanira Mêntarum | wus katur sri narapati | sasolahira dinuta | kunêng kang winuwus malih | wau ta Ki Juru Taman | langkung sihira sang aji ||

30. de Juru Taman puniku | pêparabira ing nguni | Baron Sêkèdhèr kang nama | samangkya sinung wêwangi | dhumatêng sri naranata | Juru Taman kang wêwangi ||

3. Dhandhanggula

1. winênangkên panggih para manis | sakarsane datan kêna pisah | Juru Taman lan sang katong | sapurugnya sang prabu | siyang ratri tan kêna kari | ya ta wau sêmana | Kangjêng Sultan Agung | kathah lamun winarnaa | karamate kangjêng sultan kang kaèksi | mangke kôndha cinêndhak ||

2. gênti ingkang winurcitèng kawi | ki tumênggung ing Jakarta prapta | atur uninga sang katong | yèn nêgri Jakartèku | bôngsa Wlônda samangke ngancik | wonkên [wonkê...]

--- 3 : 13 ---

[...n]wontên tanah Jakarta | ulun kawon pupuh | sang nata sarêng miyarsa | sakêlangkung runtik jaja bang mawêngis | paraning duka nata ||

3. ki tumênggung ing Jakarta nênggih | lawan pangran ing Madurarêja | tan kêna lilih dukane | nanging sinamun-samun | netya nata mêksa kaèksi | pilih ingkang wikana | dukanya sang prabu | nanging datan kêna suda | kawarnaa wau kangjêng sri bupati | datansah guladrawa ||

4. datatita ing alami-lami | Kangjêng Sultan Agung ing Mêntaram | miyos siniwi wadyandhèr | pêpak mantri tumênggung | jajarane asri mêrapit | tumbak lêmbing lan panah | bêdhil jajaripun | priyantaka pan ajajar | lan wong nyutra wong nulup ing kanan kering | sumiwi pêpak ngarsa ||

5. jagabaya jajarira sami | nyangkragnyana sami anèng ngarsa | priyantaka sambungane | wisamarta puniku | kartayasa sisihirèki | wirabraja ajajar | lan brajanalèku | wadya kapilih nèng ngarsa | lan nirbaya patrayuda jajarnèki | sisih wadya kanoman ||

6. gandhèk mantri anom wus anangkil | Singanêgara sami siwaka | lan martalulut jajare | kalayan pêrnahipun | rada kiwa niyaga wingking | kidul sêdaya seba | jajar lawan mandhung | winastan wong astranôngga | maudara jagasura judhipati | gowong miwah margôngsa ||

7. pêpak andhèr sêdaya tinangkil | pra bupati miwah pra sêntana | munggèng ngarsane sang katong | lan para pinisêpuh | sampun sami [sa...]

--- 3 : 14 ---

[...mi] sumiwèng ngarsi | wadya pasisir lawan | môncanêgarèku | jin pêri miwah prayangan | pra ratune lêlêmbut ing tanah Jawi | sêdaya sami seba ||

8. sagung wadya manungswa tan uning | mung sang nata pribadi kang wikan | pasewakan sru asrine | kadi prawata santun | yèn sinawang sumepannèki | kala Nabi Suleman | siniwi wadya gung | sang nata lênggah ing dhampar | sri narendra sêmana ngandika aris | dhatêng Madurarêja ||

9. wa Madurarêja inggih mangkin | pêkênira lumampah ayuda | dadia senapatine | wong pasisir sêdarum | dèn adua amangun jurit | nêgara ing Jakarta | uwa wartinipun | kancikan bôngsa Wêlônda | bupatine kasoran tumanggah jurit | nêgara ing Jakarta ||

10. mugi uwa ngrêbuta ing jurit | ala kêna marang ing Wêlônda | wadya ing pasisir kabèh | angsahna ing prang pupuh | Adipati Madurêjèki | nêmbah nuwun sandika | ngling malih sang prabu | pêkênira anggawaa | mriyêm ingsun kêkalih ingkang prayogi | anggonên ing ayuda ||

11. amêtua lautan sirèki | angirida pasisir samoa | adipati lênggah lèngsèr | jêngkar nata ngêdhatun | sang dipati prapta wismèki | pra mantri lan sêntana | anom tuwa rawuh | Dipati Madura mujar | mring sêntana anom tuwa alit-alit | padha apradandana ||

12. ingsun iki kinèn anindhihi | mring pêrange wong pasisir samya [sa...]

--- 3 : 15 ---

[...mya] | kangjêng sultan timbalane | Jakarta kinèn gêpuk | anundhunga marang Wêlandi | kabèh sêntananingwang | miwah anak putu | anuli padha dandana | nanging ingsun rasa-rasa sun tan mulih | nadyan ingong mênanga ||

13. pêsthi lamun ingsun datan mulih | ya ta garwane sang adipatya | myarsa wuwuse lakine | sami anangis umung | sêsambate amêlasasih | myang anak putu samya | anangis wêtu luh | kiyai kados punapa | ngandikane dene mêmarasi ati | kang raka lon ngandika ||

14. apan uwis karsaning Hyang Widi | padha karia arja ta sira | dèn abêcik-bêcik kabèh | iya sapungkur ingsun | môngsa sira wurunga benjing | anusul marang ingwang | ya pangrasaningsun | sigra Pangeran Madura | wus angrakit tata gêgamaning jurit | barise wus apêpak ||

15. Surabaya kêlawan Garêsik | ing Lamongan Lasêm Sêdayunya | Tuban Dêmak Jêparane | Juwana tuwin Kudus | ing Sêmarang wus sami mulih | marang nêgaranira | sowang-sowang sampun | mriyêm kêkalih binêkta | marang Sampang kang pinarcaya gadhuhi | jaga mêtu lautan ||

16. wus prajangji sagunging bupati | Sampang kêlawan ing Surabaya | kang mêtu ing dharatane | Ngastina gèn têtêmu | akumpulan sagunging baris | Ki Madura lampahnya | tan kawarnèng ênu | wus prapta nêgri Ngastina | sakathahe sagunge wadya pasisir | wus sami ingutusan ||

17. ingkang kilèn wus sami rumanti | miwah wetan sampun [sa...]

--- 3 : 16 ---

[...mpun] sami prapta | sami pakumpulan kabèh | sampun dandan pêrau | tan antara budhal tumuli | sigra anulya mancal | babar layaripun | kang palwa silêm dharatan | kang sawênèh ana kang ngangkat kumudhi | Kaliwungu ing Kêndhal ||

18. Batang Wiradesa ing Samawis | ing Barêbês kêlawan ing Têgal | Pamalang kumpulan kabèh | tinata layaripun | ting galêbyar dinulu asri | tan kawarna sêmana | Carêbon wus rawuh | dènira atata-tata | sigra mangkat saking Carêbon nêgari | tan kawarna lautan ||

19. ing Jakarta sêmana wus prapti | sigra nata sagunging gêgaman | Pangran Madura pondhoke | kidul wetan kuthèku | pan kinêpung pondhok pasisir | Wêlônda amiyarsa | yèn arsa ginêpuk | marang wadya ing Mêntaram | sakathahe wong Jakarta sami balik | seba Madurarêja ||

20. ingkang kari pan namung Kumpêni | ya ta sami piranti sêdaya | dèn santosani bètènge | pinasang mriyêmipun | lan gurnada myang gutuk api | Lônda sadina-dina | puyêngan yang-uyung | pangagêngira Wêlônda | kang marentah sagunge wadya Kumpêni | kapitan pêparabnya ||

21. Jakup Wisèh prakosa tur wani | agêng inggil gagah tur prawira | ing sabrang pilih tandhinge | arang kang wani mungsuh | lan kapitan lamun ajurit | malih kapitanira | Bèlêm wastanipun | Kaptin Adrus jajarira | sêkawane Sitoye namanirèki | satunggal Jrodo nama ||

--- 3 : 17 ---

22. kanêmira kapitan kêkasih | Kaptin Karèng ing kapitunira | Kaptin Kêbyuk kawolune | sêkawan petoripun | pan nêmbêlas litnanirèki | lopèrès tan winarna | Kumpêni wus guyub | andina baris mêlatar | tamburira kadhobrangan sami muni | sêdaya nêdya pêjah ||

23. pra Wêlônda ingkang alit-alit | langkung tintrim ngênês manahira | akumpul sajroning bètèng | tan ana wani mêtu | ênêngêna sagung Wêlandi | ucapên wong Mêntaram | Madurarêjèku | barise sampun tinata | pra dipati wadyane wus dèn utusi | sampun prapta sêdaya ||

24. anrang baya ingkang sampun prapti | ing Barêbês Têgal lan Sumêdhang | Pamalang sêsarêngane | tuwin Wiradesèku | Batang Kêndhal lan Kalitangi | Sêmarang myang Jêpara | ing Tuban Sêdayu | Kudus Pathi lan Juwana | ing Garêsik Surabaya Gêmbong Bangil | Nglasêm Lamongan Blora ||

25. Dipati Sampang miyos jaladri | jaga mungsuh kang saking lautan | Madurarêja wuwuse | sêdaya sanak ingsun | ing sagunge para bupati | prakawising ayuda | sami kula tantun | yèn rêmbag sanak manira | ing Jakarta sumôngga ginêbag jurit | inggih wong Jawa têlas ||

26. wong Jakarta wus seba mariki | jroning kitha mung kantun Wêlônda | Ki Baurêksa ature | kula ngaturi rêmbug | dene wadya kang mêdal warih | punika dèrèng prapta | ingantos karuhun |

--- 3 : 18 ---

ing nguni wus prajanjian | ing ayuda sarênga lêburing jurit | gêpuk tiyang Wêlônda ||

27. lah punika kêlamun suwawi | dèrèng prapta sae ingantosan | sadina kalih dinane | Madurarêja rêmbug | amiturut ature sami | Tumênggung Baurêksa | dhinahar kang atur | riyêg sagunging bupatya | angrêmbagi dipun sarèhêna dhingin | kunêng gênti kocapa ||

28. Sultan Agung Mêntaram winarni | anèng pura anuju pinarak | kêlawan kang uwa bae | sang nata ngandika rum | inggih uwa Purubayèki | sampeyan tumindaka | andombani laku | kang yuda dhatêng Jakarta | inggih uwa punika sampyan pirsani | mêdala ing lautan ||

29. nanging uwa inggih karsa mami | pun Wêlônda sampeyan kapokna | supados ngèdhêp kemawon | karyaa labêt ngriku | apratôndha amangun jurit | sigra pamitan mentar | saking ing kêdhatun | panêmbahan tindakira | tan ambêkta gêgamanira ngajurit | namung lurah kapêdhak ||

30. tan kawarna ing marga wus prapti | ing Japara Pangeran Purbaya | wus kagungan palwa dhewe | wastane kang pêrau | kaladuta santosa bêcik | pan sampun tinitihan | babar layaripun | prapta satêngah lautan | ênêngêna panêmbahan kang lumaris | ing Jêpara kawuntat ||

4. Pangkur

1. warnanên kang nèng Jakarta | Jêng Pangeran Madurarêja nênggih | wus myarsa pawartanipun [pawartani...]

--- 3 : 19 ---

[...pun] | Pangeran Purubaya | ambantoni anusul ing lampahipun | tampine sajroning driya | saklangkung lingsêm ing galih ||

2. ginalih tan bangkat karya | dene lampah anganti dèn bantoni | gya nêmbang têngara umung | gong bèri mawurahan | Baurêksa wus satata barisipun | amor pasisir barisnya | gumyah untabing wadya lit ||

3. tuwin kang mêdal samodra | wong ing Sampang nêmbang têngara aglis | salomprèt suling wor tambur | bêndhe bèri wurahan | surakira anglir pendah gunung rubuh | Wêlônda gugup miyarsa | lamun arsa dèn inggahi ||

4. anulya nêmbang têngara | tambur muni barung salomprèt suling | gumêrah swaraning tambur | Kumpêni amêlatar | mariyême sêdaya rinakit sampun | gutug apine pinasang | wus tata sami ngadhêpi ||

5. saradhadhu tuwin litnan | sikêp bêdhil gêgamanirèng jurit | sakumpêni wus akumpul | sradhadhu tindhihira | kopralipun têtiga lopèrèsipun | wus miranti sapêrgada | litnane namung satunggil ||

6. litnan kalih kang anata | lopèrèse sampun ngidêri baris | kang nèng wetan kulon kidul | barise wus tinata | mung sêkawan bêrgada Lônda kèhipun | kapitanira kang nama | Jakup Wisèh kang ngidêri ||

7. Kumpêni sami janjian | aja ana gumingsir barêng mati | Kumpêni kabèh wus rêmbug | prajanji [pra...]

--- 3 : 20 ---

[...janji] sarêng pêjah | Kaptin Wisèh asru ing pamuwusipun | sapa sudi maring sira | wus ala tan wani mati ||

8. Wêlônda sami bubuhan | ngarêpakên marang mungsuhirèki | ungkur-ungkuran puniku | aja na mundur yuda | nadyan ana pira mungsuh ingkang rawuh | aja gumingsir ing aprang | yèn kalah prang angêmasi ||

9. barise Wêlônda tata | kidul wetan wau kang dèn kèndêli | sinawang lir pendah mêndhung | bêdhilira tinata | mariyême gurnat gurnada lan êbun | gutuk api miwah lela | kalataka angidêri ||

10. sênjata pating galêbyar | tambur muni kadi mêcahna kuping | Kaptin Jakup sisèh kidul | kanthi kapitan papat | kang anama Kapitan Wèlêm Wisêbrus | Tubyas rewange satunggal | kêlawan Kapitan Wali ||

11. Ki Madura atêngara | wong pasisir kang kilèn mangsah jurit | suwaranira gumuruh | suraknya asauran | karsanira angrangsang bètèng ginêmpur | rame sami bêbêdhilan | kalihe mantêp ing jurit ||

12. wong pasisir mangsah rampak | wong Kumpêni barise wus rumanti | mariyêm sinumêd sampun | swara lir gêlap ngampar | mungsuh rewang bêdhil swarane gumrudug | wong pasisir kathah pêjah | nanging maksih sami ngukih ||

13. bêdhil muni datan kêndhat | mariyême tan anggop dènnya muni | swarane lir gunung rubuh | sèwu sarêng ambruknya | mimisira mancorot lir udan daru | wontên [wo...]

--- 3 : 21 ---

[...ntên] ingkang indha mêndhak | singa katrajang babarji ||

14. tan ana môngga puliha | wong pasisir wus kathah kang ngêmasi | ingkang urip nandhang tatu | tataning baris bubrah | duk sêmana kang yuda kêsaput dalu | wong Jawa mundur sêdaya | manahira langkung miris ||

15. Ki Madura karsanira | enjingira karsane mangsah jurit | wadya kang ngambang ing laut | sampun sami ngutusan | kinèn sarêng mangsah ing panggêpukipun | wadya pasisir sêdaya | mariyême wus miranti ||

16. Wêlônda sampun atata | abêdhilan ingkang anèng pasisir | mariyêm anèng pêrau | muni ngungkuli kutha | sinulêdan swarane lir gunung rubuh | lir pendah gêlap sauran | pêtêng dhêdhêt kadi wêngi ||

17. wong Jawa kathah kang pêjah | wong Kumpêni akèh tatu kèh mati | saradhadhu kathah lampus | kopral miwah sareyan | wong Kumpêni prangira kêlangkung ribut | pêtêng kukusing sêndawa | pati-pati anggagapi ||

18. nadyan kang mêdal lautan | pan akathah antukira pêpati | mariyêmira pikantuk | Kumpêni kathah pêjah | têtindhihe Kapitan Drus sampun lampus | litnane kêkalih pêjah | sareyan têtiga mati ||

19. nanging sampun ginantenan | kapitane litnane dèn suluri | maksih rame aprang pupuh | gumuruh abêdhilan | duk sêmana apan kasaput ing dalu | prasami apirêmbagan | Kumpêni tyasira tintrim ||

20. kunêng gênti kang

--- 3 : 22 ---

kocapa | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | angambang anèng ing laut | nitih pun kaladuta | kapalira agêng panjang pêngkuh bagus | nênggih kocaping carita | wontên palwa agêng prapti ||

21. nênggih kapale Wêlônda | karsanira arsa tulung Kumpêni | gêgaman kang anèng laut | punika dados sêmang | kapalira pan têtiga kathahipun | Panêmbahan Purubaya | palwanira marêpêki ||

22. Kumpêni kang anèng palwa | sêdayane sampun angati-ati | mriyême sinulêd sampun | nèng ngajêng panêmbahan | datan kandhêg kang palwa anêmpuh asru | ngadêg lir dêksaka lanang | pangran nèng ngajêng kumudhi ||

23. kang palwa anulya nunjang | angin sangêt swara lir mriyêm muni | barat sangêt dènnya nêmpuh | palwa tarung lir gêlap | palwanira Wêlônda pan ajur mumur | kèrêm anèng ing samodra | lumayu palwa kang kari ||

24. sampun misuwur kang warta | Panêmbahan Purbaya sampun prapti | aprang anèng têngah laut | palwane Lônda pêcah | kèrêm laut palwa kang kalih lumayu | Kumpêni sarêng miyarsa | manahira sami giris ||

25. wus kaloka mring Wêlônda | yèn Pangeran Purubaya sinêkti | misuwur yèn bisa mabur | ya ta kala sêmana | wong Kumpêni eyang-eyung kala dalu | ngawang-awang binêdhilan | dumadi obate tipis ||

26. enjang malih kawarnaa | panêmbahan palwane sampun minggir | wong

--- 3 : 22 ---

pasisir sami dulu | ingkang anèng lautan | sêdya mangkat umangsah ngadoni ripu | sampun aminggir sêdaya | Kumpêni sampun arakit ||

27. rêmbagira pra kapitan | bêdhil gêdhe kang nèng pinggir pasisir | tinutupi karsanipun | sampun ingarah-arah | ingkang yoga mimis bisaa malêbu | anulya sinumêt sigra | pangarahira pan sisip ||

28. ngênèni lambe kewala | malah gêmpal lambe mriyêm Mêntawis | abêdhil-binêdhil dangu | pêrau kathah pêcah | wadya alit kang nunggang kèrêm kèh lampus | Kumpêni kathah kang pêjah | kapitannya roro mati ||

29. Panêmbahan Purubaya | sigra têdhak saking palwanira glis | punakawane têtêlu | punika kang binêkta | ingkang ngampil lancaran miwah kêkuthuk | lan kang ngampil pakinangan | Kumpêni sami udani ||

30. ya ta wau binêdhilan | mariyême prasami dèn sulêdi | swarane lir gunung rubuh | gurnat lawan gurnada | gutuk api swarane kadi galudhug | tambur lir bêdhah-bêdhaha | salomprèt pating jalêrit ||

31. panêmbahan angandika | Si Wêlônda dene kêpati-pati | ambêdhili marang ingsun | lah iya êntèkêna | tandangira Kumpêni sangsaya gugup | kadi bêdhil wêwayangan | bêdhil buntêt datan muni ||

32. sawênèh bêdhile sêmpal | panêmbahan sangsaya marêpêki | Wêlônda sangsaya gugup | gègère apuyêngan |

--- 3 : 24 ---

ana ingkang bêdhile marêp mandhuwur | manahira butarêpan | manawa ana ing langit ||

33. Panêmbahan Purubaya | angandika apa ta Si Kumpêni | apa ngandêlakên iku | kandêle bètèngira | lamun ingsun dhinawuhana anglêbur | iya marang kangjêng sultan | anumpês marang Kumpêni ||

34. môngsa ta nganti rong êjam | mêsthi sirna kabèh sira Kumpêni | môngsa nganti dina sesuk | Jêng Pangran Purubaya | wong Kumpêni sinudingan bètèngipun | bètèng bêngkah sêdhêng janma | gègèr otêr wong Kumpêni ||

35. Panêmbahan Purubaya | narik kêris Ki Jimat wastanèki | mariyêm pinancas dhuwung | lêlima sami pagas | jêng pangeran mundur lawan abdinipun | nèng marga sinambi mucang | lampahe pangeran aris ||

36. punakawan anèng wuntat | pan rahayu sakeca lampahnèki | nèng marga sinambi udud | lajêng minggah baita | duk sêmana lajêng kêsaput ing dalu | panêmbahan wus nèng palwa | saundurira ajurit ||

5. Durma

1. Panêmbahan Purubaya angandika | sagunge wong pasisir | ingsun marang têngah | sira padha sun jaga | yèn mungsuhmu anêkani | Pangran Purbaya | anulya layar aglis ||

2. sigra babar layar kang palwa manêngah | sakêdhap tan kaèksi | kang sinêdyèng nala | kundur dhatêng Mêntaram | sarèhning sampun akardi | tilasing yuda | lan gara-garèng jurit ||

3. wong Kumpêni saya awayang-wuyungan [awayang-wuyung...]

--- 3 : 25 ---

[...an] | ana mêndhung kaèksi | gègèr apuyêngan | anulya binêdhilan | kang anèng kidul winarni | Ki Baurêksa | majêng angrangsang biting ||

4. sakathahe wong Ngastina sami nglanggar | Kumpêni tlas kang mimis | nulya mimisira | dèn êkum uyuh tenja | kang sawênèh gajih babi | kinarya ngumbah | sagunge mimis-mimis ||

5. wong Kumpêni sêdaya sampun uninga | bitinge dèn ingêri | adandan sêdaya | mariyêm sinulêdan | muni lir rubuh kang langit | ingkang katiban | akèh mati babarji ||

6. Ki Tumênggung Baurêksa nandhang brana | mimis sawat nibani | tugêl pupunira | wong pasisir kèh pêjah | mimis tiba lir gurimis | Kumpêni têmah | obat mimise ênting ||

7. winêtara mung kari kanggo sadina | sampun bolong kang biting | obat mimis têlas | tambuh-tambuh solahnya | ya ta wau wadya Jawi | wrin Baurêksa | kanin tyasira miris ||

8. ya ta kèndêl kasaput dalu kang yuda | kèh minggat wong pasisir | mulih nêgrinira | ya ta Mandurarêja | rêmbug arsa angawaki | kadang kadeyan | pêpak sami tinari ||

9. ingsun arsa ngamuk bètèng benjang enjang | ya arsa sun lêboni | padha sêsucia | lah payo padha niyat | anglakoni mati sabil | matur sandika | santana bala mantri ||

10. sarêng lêbur sêdaya sanggupanira | enjinge kang winarni | Ki Madurarêja | sêmana sampun [sampu...]

--- 3 : 26 ---

[...n] mêdal | arsa ngawaki ajurit | nêmbang têngara | bêndhe ngungkung tinitir ||

11. wong Kumpêni barise sampun mêlatar | anèng saluhur biting | bêdhil wus ngisenan | mimis dèn ulêt tenja | Ki Madura mangsah jurit | para sêntana | wadya lit datan kari ||

12. kagegeran Kumpêni bêdhile munya | mariyêm dèn sulêdi | swarane lir gêlap | orêg ingkang pratala | aprakêmpa gonjang-ganjing | wadya Mêntaram | akathah kang ngêmasi ||

13. kang sawênèh tiba tangine lumajar | wênèh sêmpal manguwir | bau suku sêmpal | ana uwange sêmpal | mimis sawat anibani | nora sêsambat | lambung bêt angêmasi ||

14. kang sawênèh tiba bêdhile kasingsal | tangi umangsah malih | Ki Madurarêja | sarira lir pêrada | mimis ingkang angênèni | sigra ingusap | kumrutug tibèng siti ||

15. mangsah malih wus parêk bètèng Wêlônda | Wêlônda ing jro biting | gègèr apuyêngan | lir gabah ingintêran | sampun têlas ingkang mimis | langkung kasêsa | dènnya ngisèni mimis ||

16. tan anganti wêwadhah tapiyonira | kinarya cidhuk tai | wênèh sendhok tangan | ya ta ana Wêlônda | tablun sinendhok kêlambi | pan binêdhilan | Madura ngrampit biting ||

17. swaranira bêdhil anglir arga bêntar | tambur brang-brangan muni | bêdhil lir brondongan | pêtêng kukus sêndawa | salomprèt pating [pa...]

--- 3 : 27 ---

[...ting] jalêrit | wadya Madura- | rêja kèh kang ngêmasi ||

18. ingkang têguh kathah wuru dening tenja | sawênèh awaknèki | agêgubras tenja | ana kang gulagêpan | sagunge wadya prajurit | kèh wuru tenja | sawênèh mutah tai ||

19. datan kobêr umangsaha ing ayuda | pijêr awuru tai | Ki Madurarêja | mungur-mungur asayah | mundur sami mêndêm tai | amutah-mutah | pra sêntana kang kari ||

20. ingkang kantun sêntana mung kalih dasa | wus têlas kang wadya lit | tangi nora bisa | wadya lit ingkang gêsang | kuwarêgên mêndêm tai | sawênèh ana | banjur adus mring kali ||

21. sami gêbyur silulup ngumbah busana | ya ta anulya salin | mulih pêsanggrahan | Pangran Madurarêja | kèh rusak wadyanirèki | kang maksih gêsang | dèrèng suda tyasnèki ||

22. jroning biting Wêlônda wayang-wuyungan | panggêdhene kèh mati | kaptin papat pêjah | litnanipun sêkawan | lopèrès dwi dasa mati | Kumpêninira | sabêrgada kang mati ||

23. ingkang dadya sangêt susahing Wêlônda | obat mimise tipis | riyêg rêmbagira | sumêja ambêk pêjah | mimisira namung tai | tan sêdya gêsang | sagung para Kumpêni ||

24. kunêng mangke sinigêg ing Batawiah | kang kundur mring Mêntawis | Kangjêng Panêmbahan | Purubaya wus prapta | anèng nêgari Mêntawis | lajêng asowan | ngarsanira sang aji ||

25. ngaturakên [ngatura...]

--- 3 : 28 ---

[...kên] ing lampahira dinuta | miwiti amêkasi | Pangeran Purbaya | mring nata alon turnya | dhuh sang nata yèn suwawi | kang bôndayuda | Jakarta pan prayogi ||

26. kinèndêlkên amargi tiyang Wêlônda | dhatêngipun mariki | sêdya adêdagang | botên ngrêbat nêgara | yèn punika sri bupati | kinèndêlêna | wêwah arjaning nêgri ||

27. kangjêng sultan kapênujon galihira | ya ta ngandika aris | dhumatêng kang uwa | Pangeran Purubaya | lêrês wa wit wus pinêsthi | karsaning Suksma | tan kenging owah gingsir ||

28. pun Wêlônda inggih ing têmbe ngakirnya | sapêngkêr kula benjing | turun-turun kula | sintên jumênêng nata | yèn kawon prang dèn tulungi | lan turun kula | sintên kang madêg aji ||

29. lawan ingkang botên madêg naradipa | yèn sae mring Wêlandi | èstu manggih arja | tinulung sasêdyanya | mênawi adamêl drêngki | dhatêng Wêlônda | sangsara kang pinanggih ||

30. mila kula adamêl pêrang punika | adamêl labêt nênggih | wajibing narendra | wingking ajrih-ajriha | jêng sultan ngandika malih | mring gandhèk sigra | salobogan dènnya ngling ||

6. Asmaradana

1. bocah gandhèk ingsun tuding | lumakua mring Jakarta | iya timbalana mulèh | si uwa Madurarêja | lawan Si Baurêksa | sakancane aja kantun | Si Tumênggung Baurêksa ||

2. lan Madurarêja nuli | anèng dalan patènana | jisime pêndhêmên karo [ka...]

--- 3 : 29 ---

[...ro] | anèng Kaliwungu kana | gandhèk nêmbah gya mentar | inggale carita rawuh | anèng nêgara Jakarta ||

3. lan Madurarêja panggih | myang Tumênggung Baurêksa | dhinawuhkên timbalane | Jêng Sultan Agung Mêntaram | Pangran Madurarêja | budhal sawadyane kêbut | sapraptanira ing marga ||

4. wus sami dipun têlasi | Pangeran Madurarêja | kêlawan Baurêksane | jisimira wus pinêtak | nèng Kaliwungu samya | gêntia ingkang winuwus | Wêlônda kang nèng Jakarta ||

5. wus têrang pamirsanèki | barisnya Mêntaram bubar | sampun mantuk sakancane | tyasira kêlangkung suka | sêdaya sukèng driya | kapitan sawiji muwus | undure baris Mêntaram ||

6. tamtu wit karsa sang aji | sêdaya mangayubagya | ya ta kapitan lingnya lon | mêsthine iki jêng sultan | ingkang paring apura | marang Wêlônda sêdarum | pratôndha yèn wus kalilan ||

7. Wêlônda manggon ing ngriki | omah ana ing Jakarta | yèn iku kaya mangkono | prayoga nuli utusan | umarêk sri narendra | anyaosi atur-atur | busana ingkang prayoga ||

8. wus rêmbag sigra cêcawis | busana mawarna-warna | endah-endah adi kabèh | sutra maliyo sangkêlat | kêsting kêstop liyanya | ingkang bôngsa alus-alus | tinata rong puluh êkas ||

9. caraka lumampah aglis | inggale carita prapta | anèng nêgri Mêntarame [Mênta...]

--- 3 : 30 ---

[...rame] | lajêng kunjuk sri narendra | tur-atur wus tinampan | sang nata suka ing kalbu | duk sêmana sinêngkalan ||

10. ratu rêsi tata bumiSengkalan: ratu rêsi tata bumi (1571 A.J.). | ya ta ing alama-lama | kangjêng sultan nulya miyos | siniwaka pagêlaran | pêpak sagunging wadya | pra sêntana sami kumpul | sumiwi ngarsa narendra ||

11. sang nata ngandika aris | adhi Silarong ngong duta | sira lumakua gawe | bêdhahên ing Bêlambangan | uwong môncanêgara | pasisir kèri sêdarum | padha adunên ngayuda ||

12. sarta sira sun kanthèni | bocah gandhèk Padurêksa | dadia matapitane | ngawasêna ing ayuda | kang bêcik lan kang ala | Pangeran Silarong wau | nêmbah wotsari sandika ||

13. utawi para bupati | sêdaya matur sandika | sang nata jêngkar ngêdhaton | pasewakan wus bubaran | umantuk sowang-sowang | pradandosan sêdaya wus | anulya têngara budhal ||

14. lampahe mêdal Kadhiri | lajêng anjog Pasuruan | pra bupati sêdayane | nèng ngriku sampun ngalêmpak | lampahe baris prapta | Watês Bêlambangan rawuh | lajêng tata pêsanggrahan ||

15. wadya lit ing dèsi-dèsi | kang kabawah Bêlambangan | langkung puyêngan gègère | prasami ngili mring arga | wênèh mring wana-wana | ana ngungsi kitha wau | Adipati Bêlambangan ||

16. gupuh utusan mring Bali | anyuwun bantu ngayuda | sampun [sampu...]

--- 3 : 31 ---

[...n] binantosnanbinantonan age | wadya Bali tau tatal | gangsal atus kèhira | kêkalih pangagêngipun | satunggal Dewa Lêngkara ||

17. Dewa Agung kang sawiji | sosoranira pêparab | awasta Panji Balèlèng | Macan Kuning sawijinya | Dipati Bêlambangan | gya budhal sawadyanipun | lan wadya Bali sêdaya ||

18. sumêdya amêthuk jurit | dhumatêng wadya Mêntaram | ingkang nèng Watês barise | ingkang atêngga nèng kitha | putrane sang dipatya | kêkalih prasami jalu | akêkasih Ki Mas Kêmbar ||

19. lampahe sang adipati | ing Watês sêmana prapta | ajêng-ajêngan barise | pan sami sinawang-sawang | enjinge atêngara | pratôndha mangsah prang pupuh | mungsuh rowang sarêng mangsah ||

20. arame bêdhil-binêdhil | kalihira sarêng mangsah | caruk rukêt samya awor | ana kang tumbak-tinumbak | rame rukêt prangira | wong Bali gamane tulup | wong Mêntaram kathah pêjah ||

21. dene pasêr upas mandi | myang dêdamêl liyanira | wong Mêntaram pangagênge | sêdaya ngawaki yuda | langkung riwut tandangnya | wong Blambangan kathah lampus | wangkene susun atumpang ||

22. kang urip angidak mayid | datan ajrih ing tikswara | wong Mêntaram sêdayane | kadi singa lodra galak | lir buta amêmôngsa | sêdaya para tumênggung | sami ngawaki ayuda ||

23. singa tinêrajang ngisis | wadya Bêlambangan bubar | tan môngga pulih yudane [yu...]

--- 3 : 32 ---

[...dane] | lumayu angungsi kutha | sagung wadya Mêntaram | sêdaya prasami nglangut | kutha Blambangan rinangsang ||

24. tan ana angeman pati | sagung wadya Bêlambangan | kang anèng jro kutha gègèr | lumayu angungsi arga | ana ngungsi mring wana | sagunge wadya Mêntarum | lajêng sami anjêjarah ||

25. kang dunya bêrana bêrsih | pawèstrine binoyongan | Dèn Mas Kêmbar milya lolos | binêkta marang kang rama | Dipati Bêlambangan | tan karuan wartanipun | pêjah utawine gêsang ||

26. wus kumpul para bupati | nèng jro kutha Bêlambangan | ya ta Pangeran Silarong | alon dènnya angandika | mring sagung pra bupatya | hèh sagunge pra tumênggung | padha sadhiyaa yuda ||

27. nuduha wadyanirèki | angosak-asik kang wana | padha ngupayaa kabèh | ing gunung lan alas-alas | ngandika pra bupatya | sêdaya para tumênggung | lajêng sami matah wadya ||

28. ngosak-asik wana ardi | wong Blambangan kèh kacandhak | gêsang tuwin kêni layon | ing gunung Blambangan ana | ajar abêntur tapa | Ajar Saloka ranipun | sêksana gya pinusara ||

29. winayungyun dèn rut tali | binayang marang ing wadya | mudhun saking arga age | dumugi kitha Blambangan | binêkta marang ngarsa | Pangeran Silarong nuju | siniwi para dipatya ||

30. wadya kang antuk mring ngarsi | Ajar Saloka binêkta | nèng ngarsa tan purun lunggoh | maksih angadêg kewala | Pangran Slarong

--- 3 : 33 ---

tumingal | saklangkung rêngu ing kalbu | maskumambang kang gumantya ||

7. Maskumambang

1. ya ta sugal pangeran dènira angling | hèh Ajar Saloka | sirèku nandhang têlali | kayaparan karêpira ||

2. apa urip sirèku apa ta mati | gya Ajar Saloka | alon dènira nauri | manira tan duwe karsa ||

3. salawase ngong pitêkur anèng ardi | nora wêruh warta | polahe si adipati | ing samêngko Bêlambangan ||

4. sira bêdhah pan nora wruh awak mami | dene sira karya | iya marang awak mami | sakarêp-karêpmu dadya ||

5. nanging ingsun tan dosa mring siji janmi | Pangran Slarong myarsa | ki ajar pamuwusnèki | sêbrak anarik curiga ||

6. dyan ginoco ki ajar jajane kêni | aniba ing kisma | jônggarsa tinigas kêris | layone ki ajar musna ||

7. nulya ana suwara ingkang kapyarsi | hèh ta wong Mêntaram | sira niyaya ing mami | ingsun nora duwe dosa ||

8. nora bisa amalês ingsun saiki | besuk titènana | lamun ratu ing Mêntawis | agèthèk baune kiwa ||

9. wong Mêntaram padha dèn angati-ati | sun malês ing sira | Pangran Silarong sirèki | iya sun patèni sira ||

10. jêr sun iya tan dosa sira patèni | besuk wong Mêntaram | nora dosa sun patèni | ponang swara nulya musna ||

11. nulya wontên mantri ingkang prapta

--- 3 : 34 ---

malih | bêkta Dèn Mas Kêmbar | binônda ing cindhe wilis | lajêng umarêk ngayunan ||

12. atur sêmbah ulun ngaturkên puniki | inggih Dèn Mas Kêmbar | kacêpêng wontên wanadri | wondening sang adipatya ||

13. Bêlambangan sampun nyabrang dhatêng Bali | Pangran Slarong printah | kumpulna jarahan sami | lan sagunge bêboyongan ||

14. wadyaningsun kang buru apa wus bali | matur pra dipatya | inggih sêdaya wus bali | yèn mangkono benjang enjang ||

15. ingsun budhal kundur marang ing Mêntawis | sagunge bupatya | sandika lajêng rumanti | ing dalu lajêng kasukan ||

16. kunêng dalu ya ta kawuwusên enjing | anêmbang têngara | budhal barise pangarsi | ing wuri kêbut sadaya ||

17. kang boyongan jarahan lampahnya gili | wau Dèn Mas Kêmbar | tinitihakên turanggi | anglarug ing lampahira ||

18. tan winarna lampahira anèng margi | inggaling carita | sampun prapta ing Mêntawis | sang nata nuju sineba ||

19. Pangran Slarong umarêk saha wotsari | solahe dinuta | miwiti malah mêkasi | lan ngaturakên jarahan ||

20. lan boyongan utawi putra dipati | nênggih Dèn Mas Kêmbar | sang nata ngandika aris | iya iku Dèn Mas Kêmbar ||

21. timbalana ya marang ngarsèngong aglis | binêkta ngayunan | muka lir konjêm ing siti | sang nata wêlas tumingal ||

22. angandika wau kangjêng

--- 3 : 35 ---

sri bupati | yaiku Si Kêmbar | luwarana dipun aglis | bandane sira sumpaha ||

23. yèn ta uwis ngaturake sumpahnèki | Si Kêmbar sun angkat | iku dadia bupati | ana nêgara Blambangan ||

24. wus sinumpah tinêtêpakên bupati | anèng Bêlambangan | ingèstrèn sagung wadya ji | sang nata nulya angganjar ||

25. mring wadyanya kang mêntas mênang ajurit | wêrata sêdaya | malah prapta ing pêkathik | dene Radèn Padurêksa ||

26. pan ginanjar pinaringan kang kêkasih | Pangran Têpasana | sang nata ngandika malih | hèh Singaranu sun duta ||

27. lumakua sira gawaa prajurit | bêdhahên Sumêdhang | lan ing Ukur dèn abêcik | Ki Singaranu anêmbah ||

28. awotsari sandika aturirèki | sang nata gya jêngkar | kundur ngêdhaton sang aji | wuwusên paseban jaba ||

29. Ki Tumênggung Singaranu anulya glis | mulih wismanira | prapta wisma tata baris | wus samêkta nulya budhal ||

30. sigra nêmbang têngara bêndhe lan bèri | tambure brang-brangan | bul-umbul daludag asri | lêlayu miwah bandera ||

31. pan anglarug wadya gung wus prapta Taji | lajêng lampahira | datan kawarna ing margi | inggale carita prapta ||

32. tapêl watês Sumêdhang kèndêl anuli | tata pêsanggrahan | pakuwon asri rinakit | lir pendah mijil kang praja ||

8. Mijil

1. kunêng gênti kawarnaa

--- 3 : 36 ---

malih | ya ta winiraos | Adipati Sumêdhang ing mangke | apinarak kêlawan ki patih | akaliyan malih | tumênggung ing Ukur ||

2. angandika wau sang dipati | kaya pa kang wartos | kyana patih manêmbah ature | ulun myarsa wartose wadya lit | prajurit Mêntawis | sampun akêkuwu ||

3. wontên dhusun Watês dènnya mêrgil | sawadya makuwon | inggih badhe umangsah jurite | ing Sumêdhang lan Ukur puniki | arsa pinrih jurit | ginêmpur sêdarum ||

4. Sang Dipati Sumêdhang lingnya ris | paran ta samêngko | iya patih mungguh prayogane | kyana patih umatur wotsari | yèn paduka gusti | andhahar tur ulun ||

5. inggih sae nungkul saking aris | ywa mapag palugon | mindhak ngathahakên ing susahe | abdi dalêm tiyang alit dèsi | môngsa wande gusti | kasoran prang pupuh ||

6. tyang Mêntaram yèn linawan jurit | lajêng ambêk rusoh | jêng paduka tan kilap adate | pun Tumênggung Singaranu gusti | kawona ing jurit | yêkti wontên bantu ||

7. Ki Tumênggung Ukur anambungi | dènnya muwus alon | inggih lêrês pun patih ature | aprayogi atur pati urip | dhatêng sri bupati | Sang Natèng Mêntarum ||

8. angandika alon sang dipati | yèn kaya mêngkono | angrakita ya bulubêktine | kang minôngka atur-atur mami | kunjuk sri bupati | wong wadon [wado...]

--- 3 : 37 ---

[...n] kang ayu ||

9. kyana patih sandika turnèki | manêmbah gya miyos | praptèng jawi gya amêpakake | rajabrana ingkang adi-adi | pèni-rajapèni | tigang atus pikul ||

10. myang pawèstri gangsal atus sami | maksih anom-anom | Ki Tumênggung Ukur apadene | andêdamêl tumbak dèn bongkoki | ya ta sang dipati | budhal saha wadu ||

11. datan ana kang kêrisan siji | sêdaya bêrondhol | kyana patih dhingini lampahe | sampun prapta pakuwon Mêntawis | lajêng katur maring | Kyai Singaranu ||

12. ingandikan ki patih mangarsi | prapta tata lunggoh | sampun katur sêdaya sêdyane | Sang Dipati Sumêdhang samangkin | atur pati urip | anarimèng luput ||

13. Ki Tumênggung Singaranu angling | yèn kaya mêngkono | iya mara aturana age | ki dipati têmua lan mami | abarênga sami | lan Tumênggung Ukur ||

14. nêmbah mentar lajêng lampahnèki | anèng marga panggoh | lan Pangeran Sumêdhang malihe | Ki Tumênggung Ukur tata linggih | ya ta kyana patih | saniskara katur ||

15. nulya lajêng lampahira kalih | wus praptèng pakuwon | Ki Tumênggung Singaranu age | mêthuk lajêng sêsalaman aglis | malbèng kuwunèki | lajêng tata lungguh ||

16. nganorakên raga sang dipati | mlasasih yèn tinon | sampun katur saniyat-niyate | Ki Tumênggung Singaranu myarsi | sangêt wêlasnèki | angrês driyanipun ||

--- 3 : 38 ---

17. Ki Tumênggung Singaranu angling | inggih karsaningong | kula bêkta adhi sêkalihe | mring Mêntaram umarêg sang aji | sandika sang kalih | tan lêngganèng kayun ||

18. pan cinêndhak rêroncène kardi | sêksana gya bodhol | tan winarna ing marga lampahe | sampun prapta ing nêgri Mêntawis | sang nata duk lagi | siniwi wadya gung ||

19. eca lagya siniwi sang aji | kêsaru kang rawoh | Singaranu wau ta praptane | ingandikan laju marêk ngarsi | tan adangu prapti | ngayunan sang prabu ||

20. sampun katur lampahe tinuding | purwa praptèng êndon | lan nyaoskên sagung jarahane | myang boyongan lan dipati kalih | sukèng tyas sang aji | ya ta ngandika rum ||

21. ing samêngko Sumêdhang Dipati | lan ing Ukur karo | ya sumpahên puniku karone | ywa nglakoni panggawe kang uwis | sang dipati kalih | sandika turipun ||

22. mring narendra angganjar prajurit | kang mêntas lungandon | awêrata prapta pêkathike | sri narendra angandika malih | ya dipati kalih | sun lilani iku ||

23. amuliha mring wismane maning | têtêpa kang lunggoh | sampun rampung nata timbalane | nulya jêngkar ngêdhaton sang aji | sagung kang sumiwi | sami bubar mantuk ||

24. kawarnaa wau sri bupati | anèng jro kêdhaton | kêlangênan mring taman sarine | ginarêbêg sagung para cèthi | sami ngampil-ampil | upacara

--- 3 : 39 ---

prabu ||

25. para cèthi ngampil waos biring | parêkan sang katong | dupi prapta ing taman sang rajèng | wontên kêlangênanira aji | kidang lanang siji | agêng ulês wulung ||

26. dupi miyat dhumatêng sang aji | gambira anyêrot | sri narendra waspada tingale | sigra nyandhak talêmpak sang aji | waos dhapur biring | landhehane wêrgu ||

27. dupi kidang anandêr sang aji | tinadhahan waos | kaprawasa kidang andhêmane | saking sruning panandêrirèki | kuwate sang aji | landheyan mangkêlung ||

28. sri narendra kêna wêntis kering | mring kidang ginayor | datan pasah gya mati kidange | rah sumêmbur ngandika sang aji | ing sawuri mami | kabèh turun ingsun ||

29. sun prasapa aja wani-wani | yèn anganggo waos | lamun wêrgu iku landhehane | nora ingsun lilani prasami | têmah nêniwasi | yèn ana pakewuh ||

30. cinritakkên kewala ing tulis | tan winarnèng lakon | kangjêng sultan kalih kêdhatone | kang satunggil kutha marta nami | dene kang satunggil | sri nata ngêdhatun ||

9. Sinom

1. samodra kidul puranya | yèn kala miyos siniwi | dhumatêng ing wadyabala | sêdaya para dhêdhêmit | pêrayangan jin pêri | sêdaya sagung lêlêmbut | nênggih nêgara Jawa | sumiwi ngarsa narpati | nanging wadya tan ana ingkang uninga ||

2. amung kangjêng sri narendra | pribadi ingkang udani | lawan malih kacarita | misuwur sêdaya janmi |

--- 3 : 40 ---

saklangkung dening sêkti | Kangjêng Gusti Sultan Agung | prawira mahambara | sabên ari Jumah nênggih | kangjêng sultan asêmbayang marang Mêkah ||

3. pan amung sakêdhap netra | yèn kalanira sang aji | budhal enjing sing Mêntaram | pukul tiga siyang prapti | anèng nêgri Mêntawis | trêkadhang wau sang prabu | mampir ing pulo sabrang | mring Ngêrum tuwin mring Mêsir | anèng ngriku sang nata akarya tilas ||

4. yèn kundur saking ing Mêkah | sang nata têrkadhang mampir | mring pulo nêgara sabrang | Bangkulu Palembang Ngacih | Padhang myang liyanèki | akarya tilas sang prabu | ing pundi kang nêgara | sêdaya kang dèn tindaki | anèng ngriku sang nata akarya tilas ||

5. kêramate warna-warna | kang binuka sri bupati | nora padha pinta-pinta | nèng praja sawiji-wiji | dènnya babar kasêktin | kinarya pratandhanipun | dadia pêpundhènnya | marang wong sajro nêgari | apadene dhêdhêmiting tanah Jawa ||

6. ratune dhêmit aseba | kang rumêksa ing nêgari | sajrone ing tanah Jawa | sabên dina Sênèn Kêmis | sumiwi ing ngarsa ji | ing mangke pan dipun etung | winarna namanira | para ratune dhêdhêmit | cinêcahkên ing sawiji-wijinira ||

7. kang rumiyin ing bang wetan | Durganêluh Maospait | lawan Raja Baurêksa | iku ratune dhêdhêmit | Bêlambangan winarni | awasta Sang Balabatu | kang rumêksa Blambangan | Buta Locaya Kêdhiri | pan Si Korèn lêlêmbuting Panaraga ||

8. Sidakarè [Sidaka...]

--- 3 : 41 ---

[...rè] Kêpacitan | Kêduwang Si Klênthing Mungil | Endrayêksa Kêmagêtan | Jênggala Si Tunjungpuri | Prangmuka Surabanggi | Pênanggungan Abur-abur | Sapujagad ing Jipang | Madiun Si Kalasêkti | Prabu Yêksa kang rumêksa Pasuruan ||

9. Gêgêlang Si Samahita | Gêgêsing Si Dhadhungawik | ing Pajang Buta Salewah | Mônda-mônda ing Mêntawis | Palèrèd Rajêgwêsi | Kutha Gêdhe Nyai Panggung | Babo ing Kartasura | ing Jombor Setan Kèbêri | Juru Taman kang rumêksa ing Tunjung Bang ||

10. kang ana Kayu Gandheyan | Ki Daruna Ni Daruni | Bagus Karang anèng Roban | Kasungjaya Widaningrik | Widôngga ing Dalêpih | Jangkêlung Kêdhung Garunggung | Malang Karsa Angrêksa | Wana Pête ing Bêtawi | Si Dharimil lêlêmbute kang rumêksa ||

11. Si Lemprak Setan Sêmarang | ing Kuwu Si Ondar-andir | jin Santri Setan ing Dêmak | kêkalih kang Ngrêksa Uni | Sima Pêthak ing Pathi | Macan Lorèng nêgri Kudus | gunung Lawu winarna | Jaka Linglung kang nênggani | pan akathah nênggih lamun winarnaa ||

12. ratu dhêmit tanah Jawa | kang sumiwi mring Mêntawis | cinêndhak caritanira | namaning ratune dhêmit | ing mangke kang winarni | duk sêmana sang aprabu | apan sampun pêputra | jalu pan amung kêkalih | ingkang sêpuh nama Pangeran Dipatya ||

13. Arya Mêntaram wus krama | antuk putra Pangran Pêkik | patutan lan Ratu Wandhan | kang nèm nama Den Mas Alit | sampun sinungan nami [na...]

--- 3 : 42 ---

[...mi] | Pangeran Danupayèku | putra wusnya diwasa | sang nata gêrah ngranuhi | para garwa pra sêntana sami seba ||

14. jêng sultan alon ngandika | mring Pangran Purubayèki | uwa Purbaya samangkya | kularsa tumêkèng janji | mantuk ing alam gaib | uwa ing sapungkur ingsun | kang dados wêling kula | putrèngsun Pangran Dipati | inggih Arya Mêntaram dèn dadosêna ||

15. narendra wontên Mêntaram | gêntosana jênêng mami | putra kula kang taruna | inggih wa tumuta mukti | wontên ing tanah Jawi | adadosa satriya gung | dene sampeyan uwa | dèn sagêd momong ing wuri | dhatêng sanak tuwin kawula sêdaya ||

16. wus kabèh padha karia | anulya seda sang aji | swarane tangis gumêrah | lir guntur sajroning puri | obah gunung Mêrapi | swaranira gumaludhug | lindhu ngin pôncawora | ampuhan mêsês wor riris | aru-ara prakêmpa sanuswa Jawa ||

17. sagara kadya ginêla | ombak nêmpuh parang curi | ingkang toya mawalikan | bumi gênjot gonjang-ganjing | antara pitung ari | ngêrgancang cêlèrèt taun | teja thathit liwêran | ngênês miris sagung janmi | kawarnaa layonira sri narendra ||

18. cinêndhak rêrêngganira | datan winarna ing tulis | sampun binêkta ngastana | sinarèkakên Magiri | pinaripurna asri | astana rêngrêngganipun | pinêtha-pêtha pura | wau sedane sang aji | gajah pitu buta nataSengkalan: gajah pitu buta nata (1578 A.J.).

--- 3 : 43 ---

kang sêngkala ||

19. marêngi ing dina Soma | Pangran Purbaya miyosi | siniwi ing wadyabala | pêpak sagung pra dipati | sêntana sami nangkil | sawiji tan ana kantun | Pangeran Purubaya | kang wayah sampun kinanthi | linênggahkên wontên ing dhampar kêncana ||

20. nèng sitinggil dènnya lênggah | pêpak upacarèng aji | andhèr wadya ing Mêntaram | sêdaya wus sami nangkil | panêmbahan sru angling | sakabèhe wong Mêntarum | ya padha nêksènana | samêngko Pangran Dipati | iya Arya Mêntaram sun junjung lênggah ||

21. jumênêng Nata Mêntaram | gumanti kang rama swargi | jêjuluk Sunan Mangkurat | ing Ngalaga Senapati | Sayidi Natagami | sagunge wadya Mêntarum | sami saur kukila | pandhita ulama kaji | ki pangulu angadêg lajêng andonga ||

22. dunga luhuring kêratyan | gumuruh swaraning amin | sang nata anulya jêngkar | kundur malêbêt ing puri | panjênêngannya aji | gêmah raharja Mêntarum | jêjêg adil ukumnya | printah tan owah lir lami | kadi ingkang rama kang sampun suwarga ||

23. dintên Rêspati sêmana | sang nata miyos tinangkil | sagunge para sêntana | tanapi para bupati | sêdaya wadya aji | pênuh sumiwi sang prabu | Pangeran Alit sowan | sang nata ngandika aris | mring bupati utawi para sêntana ||

24. sarupane wadyaningwang | padha anyithaka sami | bata sabab ingsun arsa | ngalih kutha lawan puri | tilase

--- 3 : 44 ---

rama aji | tan arsa nganggoni ingsun | manira karsa yasa | kutha ing Palèrèd iki | saur pêksi sagunge kang wadyabala ||

25. sêdaya matur sandika | sang nata ngandika aris | hèh Tumênggung Wiraguna | lan Danupaya sirèki | sira ngluruga jurit | marang Bêlambangan iku | ing mêngko pawartanya | rinêbut marang wong Bali | bupatine Bêlambangan kalah aprang ||

26. wus nungkul bupatinira | iya marang uwong Bali | sira karo akanthia | bupati môncanêgari | tumênggung ing Mêntawis | padha milua anglurug | wong pasisir samoa | dèn irida ing ajurit | kabèh padha mêtua anèng lautan ||

27. amung Si Dipati Sampang | aja milu mangun jurit | uruna wadya kewala | Tumênggung Wiragunèki | Danupaya lan malih | Mêntaram Kyai Tumênggung | katiga sarêng nêmbah | sandika lèngsèr wotsari | sri narendra nulya jêngkar angêdhatyan ||

28. wuwusên tumênggung tiga | lajêng sêdhiya ing jurit | wus pêpak kang wadyabala | têngara budhalkên baris | bêndhe bèri tinitir | tambur swarane gumuruh | lampahing wadyabala | sarêng prapta anèng Taji | pan anglarug samarga-marga gumêrah ||

29. kunêng gênti winurcita | kang lumampah andon jurit | ya ta wau kawarnaa | nênggih Jêng Pangeran Alit | kang rayi sri bupati | punika duk wayahipun | jaka kumala-kala | dèrèng nambut ing akrami | jêng pangeran [pa...]

--- 3 : 45 ---

[...ngeran] bupati kalih dadya ban ||

30. ran Tumênggung Danupaya | duk tinuding mangun jurit | ambêdhah mring Bêlambangan | kang satunggilipun nami | Pasingsingan kang nami | prasami lênggah tumênggung | Pangran Alit punika | timur mila dalêm Jawi | nèng wismane Danupaya ingkang wuntat ||

10. Pangkur

1. ya ta ing sawiji dina | Jêng Pangeran Alit apan marêngi | lênggah anèng dalêmipun | kêsaru praptanira | Pasingsingan wotsari lan anakipun | ingkang nama Agrayuda | lajêng umarêk ing ngarsi ||

2. jêng pangeran ngawe sigra | ki tumênggung lajêng tumamèng ngarsi | Pasingsingan nêmbah matur | dhuh gusti ngong pangeran | ingkang mugi paduka madêga ratu | gumantos raka paduka | awit kangjêng sri bupati ||

3. asangêt niyayanira | inggih dhatêng wadyabala Mêntawis | sêdaya pirêmbagipun | jêng paduka karsaa | pan ingangkat narendra wontên Mêntarum | amêngku rat nungsa Jawa | kula ingkang ngangkat gusti ||

4. jumênêng Nata Mêntaram | sampun mawi awalanggalih malih | sarèhning wadya Mêntarum | sêdaya pirêmbagnya | yèn paduka karsa angrêbat kêdhatun | wadya Mêntaram sêdaya | pirêmbag mring amba gusti ||

5. paduka karsa tan karsa | dèn aturi inggih jumênêng aji | angrêbat pura Mêntarum | jêng pangran lon dhawuhnya | aprakara iya kraton ing Mêntarum | kakang mas umadêg nata | ngong sasat dadi narpati ||

6. sun tarima anyatriya | mring kakang mas [ma...]

--- 3 : 46 ---

[...s] Pasingsingan turnya ris | lamun makatên pukulun | dadosnya tan rumêksa | susahipun sagunge bala Mêntarum | Pangeran Alit miyarsa | pangandikanira aris ||

7. yèn kaya mêngkono bapa | ingsun bêcik pan iya angêntèni | besuk ing satêkanipun | si bapa Danupaya | ingkang marang nêgara Blambangan nglurug | Pasingsingan matur nêmbah | gusti tan susah ngastosingantosi ||

8. mring pun bapa praptanira | ing samangke punika mumpung sêpi | inggih nêgari Mêntarum | bupati sami kesah | wong pasisir lan môncanêgara suwung | kang kantun anèng Mêntaram | pra bupati sampun gilig ||

9. pirêmbage dhatêng kula | sami sagah nglabuhi ing ajurit | dhatêng paduka sêdarum | mêngsah rakanta nata | ing samôngsa mêdal paduka pukulun | angrêbat kraton Mêntaram | sêdaya prasami balik ||

10. dhèrèk dhatêng jêng paduka | jêng pangeran ya ta ngandika aris | iya ngong pikir rêmbugmu | Pasingsingan manêmbah | dhuh gustiku sampun anggalih pakewuh | amung sok paduka arsa | jumênêng Natèng Mêntawis ||

11. kula kang dados pangarsa | mung paduka karsaa madêg aji | ingkang dados sapu lêbu | tuwin gêdhig manggala | pramugari sêdaya pakèwêdipun | kula miwiti ayuda | inggih dintên benjing enjing ||

12. ulun amuke pribadya | tyang Mêntaram kang tan purun guyubi | inggih supadosnya lêbur | nadyan raka paduka [padu...]

--- 3 : 47 ---

[...ka] | sri narendra kangelan angidêg timun | môngsa ta gôndraa pira | rakanta sri narapati ||

13. sumambung kang para lurah | tigang atus sarêng matur wotsari | dhuh gustiku sang abagus | yèn paduka tan arsa | madêg nata ngrêbata kraton Mêntarum | punapa kang ingupaya | kalêbêt inggih nampik sih ||

14. sungkême wadya sêdaya | ing Mêntaram dhatêng paduka gusti | nadyan kang abdi sêdarum | ajura wor pratala | tan kumêdhèp têmpuhna prabata wau | ngêbura samodra laya | manjinga prawata gêni ||

15. sampun mênggah mangun yuda | anglampahi ayahan tuwan gusti | dipun ngantos lêbur tumpur | mêngsah rakanta nata | botên ajrih tan sêdya ginggang sêrambut | amêngsah wadya Mêntaram | jêng pangeran amiyarsi ||

16. aturira Pasingsingan | lan anake Agruyuda kang nami | tyasira amangu-mangu | wantu maksih taruna | ginarumung ginubêl rinoban atur | dèrèng kagungan panimbang | atur ala atur bêcik ||

17. madêg suraning wardaya | èngêt lamun satriya trah Mêntawis | anyata wijining ratu | kang mêngku tanah Jawa | datan wangwang angrêbuta ing kêprabun | wusana ariaris ngandika | yèn mangkono iya bêcik ||

18. bapa dina benjang enjang | payo padha umangsah ing ajurit | bocah lurah têlung atus | padha sira dandana | ingsun arsa angrêbut kraton Mêntarum | sêdaya matur sandika | lajêng apradandan sami [sa...]

--- 3 : 48 ---

[...mi] ||

19. Ki Tumênggung Pasingsingan | lan anaknya Agrayuda wotsari | nuwun pamit arsa mantuk | linilan sigra mentar | tan kawarna marga prapta wisma sampun | Ki Pasingsingan lon ngucap | marang atmajanirèki ||

20. thole dina benjang enjang | iya sira mêpaka gaman jurit | ya thole ingsun suk-esuk | tak mênyang panggawean | masang bata lan amêpakake ingsun | iya marang wong Mêntaram | ingkang padha nambut kardi ||

21. amêmasang bata kutha | adat sabên bubare nambut kardi | maksih awan iku kulup | mênawa wong nambut karyaLebih satu suku kata: mênawa nambut karya | uwis bubar sira ingsun undang sesuk | inggal ta sira têkaa | sagamanmu ing ajurit ||

22. iya banjur ngamuk padha | mring kêdhaton iku dèn obrak-abrik | Agrayuda aturipun | rama inggih sandika | sampun mawi malih sumêlang ing kalbu | kunêng Tumênggung Singsingan | warnanên sri narapati ||

23. pinarak anèng jro pura | lan kang eyang Pangeran Purbayèki | Pangeran Purbaya matur | anggèr sri naranata | kula matur rayi dalêm sang aprabu | pan arsa kangrêbatangrêbat praja | wit saking pêmbangusnèki ||

24. pun Tumênggung Pasingsingan | ingkang sagah junjung arinta gusti | jumênêng Natèng Mêntarum | sangêt pêmbangusira | pun Singsingan dhumatêng arinta prabu | arinta maksih taruna | dèn bêbangus atur manis ||

25. têmah

--- 3 : 49 ---

arinta kagiwang | abdinipun pra lurah dèn dhawuhi | kathahipun tigang atus | sami sêdhiyèng yuda | sri narendra miyarsa kêlangkung ngungun | yèn kados makatên eyang | inggih dintên benjing enjing ||

26. yèn pun Pasingsingan prapta | nambut karya lajêng eyang pêjahi | Pangeran Purubayèku | aturipun sandika | sigra lèngsèr saking ngarsane sang prabu | sapraptaning dalêm sigra | parentah dhumatêng abdi ||

27. asadhiya ing ayuda | nging dèn samar sampun ngantos kêtawis | kunêng tan kawarnèng dalu | enjinge kawarnaa | Jêng Pangeran Purubaya sampun rawuh | sêdaya wadya Mêntaram | sampun sami dèn wangsiti ||

28. tan adangu Pasingsingan | prapta gène wadya kang nambut kardi | tan uning yèn wong Mêntarum | sampun rakit sêdaya | ya ta mantri têtiga marani gupuh | duk pêrak narik curiga | sinuduk jajane kêni ||

29. rewange anuduk sigra | Pasingsingan niba lajêng ngêmasi | tan kongsi malês anyuduk | ajur kuwandanira | punakawan tumingal lajêng lumayu | sarêng prapta anèng wisma | Agrayuda dèn wartani ||

30. yèn kang rama sampun pêjah | sinudukan kuwônda rontang-ranting | Agrayuda sarêng ngrungu | sangêt lara karuna | bakda nangis asru wau krodhanipun | sêksana anyandhak tumbak | arsa amucung ajurit ||

11. Pocung

1. numpak gupuh turôngga abudhal [abudha...]

--- 3 : 50 ---

[...l] sampun | asuwarèng wadya | payo padha barêng mati | iya padha soroh amuk mring jro pura ||

2. rewang ingsun ja têlangke sira iku | sêmana gya budhal | sawadyanira angiring | nging rewange sarêng wau anèng marga ||

3. sami murud anyimpang saking dêlanggung | kari Agrayuda | lampahira sampun prapti | anèng kori pangurakan sêdyanira ||

4. lajêng ngamuk nèng turôngga maksih manggung | nanging pangurakan | apan sampun dèn rakiti | Agrayuda tan wrin sampun rinakitan ||

5. lajêng wau sinosog ing watang ganjur | sara pan angrangap | sarêng dènnya anumbaki | Agrayuda ajur amoh kuwandanya ||

6. sampun lampus niba saking kudanipun | Grayuda tinigas | Jêng Pangran Purubayèki | nulya marêk ing ngarsa sri naranata ||

7. praptèng ngayun jêng pangran alon turipun | dhuh anggèr sang nata | pun kaki atur udani | Pasingsingan ing samangke sampun pêjah ||

8. lan kang sunu Agrayuda sampun lampus | punika sirahnya | sang nata sigra siniwi | miyos anèng pôncaniti siniwaka ||

9. pêpak pênuh andhèr wadya ing Mêntarum | sagung pra sêntana | sêdaya sami anangkil | angandika wau kangjêng sri narendra ||

10. ingsun utus cah wadon mlakua gupuh | sira timbalana | dhimas Arya Pangran Alit | tumêkaa iya anèng ngarsaningwang ||

11. lan sirèku matura arsa [ar...]

--- 3 : 51 ---

[...sa] ngong tuduh | jênêngana janma | ingkang padha nambut kardi | ênggon ingsun karya kutha ingkang anyar ||

12. ngaras suku pawongan mentar sing ngayun | tan winarnèng marga | lampahe duta narpati | sampun prapta nèng dalêm Kadanupayan ||

13. ya ta sampun duta lan pangeran pangguh | dhinawuhkên sigra | timbalanira sang aji | Pangran Alit sêmana anulya gêpah ||

14. budhal gupuh sowan ing ngarsa sang prabu | sarêng praptèng ngarsa | manêmbah saha wotsari | jêng pangeran lajêng inguncalan sirah ||

15. lah yaiku Pasingsingan sirahipun | ya ta sri narendra | sarta sru dènira angling | lah ta iku iya yayi rupanira ||

16. ingkang ayun ngangkat sira dadi ratu | ana ing Mêntaram | Pangeran Alit ningali | sirahira Pasingsingan Agrayuda ||

17. asru bêndu sigra dènnya narik dhuwung | sirah kalihira | lajêng sami dèn suduki | sarwi angling Pangeran Alit sêmana ||

18. arsa lampus Pasingsingan ta sirèku | dene dadak sira | angèmbèt marang ing mami | arêp modar têka nora tulus modar ||

19. sang aprabu ya ta angandika arum | kayaparan dhimas | ing mau gonira angling | Pangran Alit sêmana matur anêmbah ||

20. dhuh pukulun inggih kangjêng sang aprabu | tan ngraos kawula | inggih anggadhahi kapti | badhe mêngsah dhumatêng paduka nata ||

21. inggih ulun botên gadhah manah mêsgul | utawi [u...]

--- 3 : 52 ---

[...tawi] murina | sang nata jumênêng aji | sri narendra jumênêng Natèng Mêntaram ||

22. dhuh pukulun tan pisan-pisan sang prabu | pan amung akalnya | Pasingsingan anak anjing | sri narendra sêkala sarêng miyarsa ||

23. aturipun kang rayi ngrês galihipun | sakêlangkung wêlas | tumingal dhumatêng ari | ya ta alon sang nata dènnya ngandika ||

24. iya lamun mangkono dhimas aturmu | marang jênêng ingwang | ya ingsun tarima yayi | ing samêngko dhimas iku karsanira ||

25. iya sagung sarupane ta baturmu | ingkang nama lurah | ingsun pundhut sêdayèki | aturêna iya marang ngarsaningwang ||

26. ingsun antu dhimas anèng sitiluhur | Pangran Alit nêmbah | gya lèngsèr saking ngarsa ji | sapraptane jêng pangeran dalêmira ||

27. sampun kumpul kang abdi lurah sêdarum | tri atus kathahnya | wêwolu pangarsanèki | pan kêkalih badhude kang gal-ugalan ||

28. sakêlangkung wadya lit kyèh cacahipun | wus ingangkat nama | Ki Darya Lurah kang nami | têlèdhèke lanang pan amung satunggal ||

29. apan pênuh pêpak sêdaya nèng ngayun | wus ngrasuk busana | sêsikêpira ngajurit | pratingkahe kadya wignya bêdhah kutha ||

30. yèn dinulu ulate asaguh-saguh | lir bisa mêcahna | bètèng ngrangsang balowêrti | nabrang jagang ambubrahi kapurancang ||

31. ting pathunthung prasami angumbar sanggup | wus adating bangsat | umbage

--- 3 : 53 ---

kapara luwih | adol umuk saguh tan mundur ngayuda ||

12. Durma

1. Pangran Alit rudetya sajro wardaya | ya ta ngandika aris | bocah ingsun lurah | ingsun aturkên padha | pinundhut maring sang aji | saiki uga | para lurah miyarsi ||

2. sêdayanya karuna asambat-sambat | ngraup suku sang pêkik | kang anèng paseban | myarsa swara karuna | agupuh malêbêt sami | milya karuna | umatur awor tangis ||

3. adhuh gusti ing karsa sampun mangkana | tan wande ingkang dasih | inggih pinêjahan | dhatêng raka paduka | sanadyan kawula mati | lamun ayuda | lan malih tyang Mêntawis ||

4. pra bupati wus baris pêndhêm sêdaya | sumôngga kangjêng gusti | mangsah ing ayuda | lajêng dhèrèk sêdaya | kaping tiganipun gusti | inggih paduka | putranipun narpati ||

5. kang suwargi Jêng Sultan Agung Mêntaram | narendra langkung sêkti | inggih jêng paduka | wus pinêsthi prawira | pantês jumênêng narpati | anèng Mêntaram | ingkang asih wadya lit ||

6. jêng pangeran miyarsa aturing wadya | madêg suraning galih | gadgadèng wardaya | yèn kaya mangkonoa | iya rêmbugira sami | dandana gaman | ya ta pra abdi aglis ||

7. sami nyandhak gêgamanira ngayuda | ya ta Pangeran Alit | angrasuk busana | dhêstharnya latar pêthak | bathik parangrusak klithik | kuluk jangkangan | pinalisir [pi...]

--- 3 : 54 ---

[...nalisir] mas adi ||

8. arasukan baludru wungu nyampingnya | anênggih latar putih | bathik parangrusak | sawit kêlawan dhêsthar | paningsête sutra wilis | timangnya êmas | tinarètès sotya di ||

9. èpèkira talidatu rinenda mas | lancingan panji-panji | cindhe puspita bra | gèspêr mas sinasotya | Ki Setan Kobêr cinangking | wusnya busana | lajêng lênggah pêndhapi ||

10. warnanira jêng pangeran kadya bangbang | duk mudhun saking ardi | anulya na prapta | dutanira sang nata | nginggalakên ingkang rayi | kalih kang duta | satunggal Ki Sumêngit ||

11. kang satunggal awasta Andakawana | wau Kyai Sumêngit | lajêng malbêt pyambak | Kyai Andakawana | kantun nèng paseban jawi | ya ta sêmana | Sumêngit dèn pêjahi ||

12. Ki Andakawana lumayu gal-enggal | prapta ngarsa sang aji | wus katur sêdaya | solah-tingkah dinuta | miwiti malah mêkasi | sri naranata | ngungun sarêng miyarsi ||

13. nênggak waspa Jêng Pangeran Purubaya | matur dhatêng sang aji | sinuhun punika | inggih rayi paduka | lohkil makpul wus pinêsthi | dene Hyang Suksma | tan kenging owah gingsir ||

14. rayi dalêm datan tutug ingkang yuswa | ya ta sri narapati | asru angandika | srupane wong Mêntaram | mêngko yèn ngamuk si adhi | aja na nglawan | najan olèh pêpati ||

15. pira-pira padha piyaka kewala | mrih

--- 3 : 55 ---

prapta ngarsa mami | yèn ana kang nglawan | sun kêthok gulunira | Panêmbahan Purbaya glis | gya undhang-undhang | mring alun-alun nuli ||

16. wus misuwur undhangira sri narendra | Pangeran Alit prapti | anèng pangurakan | nganti wadya Mêntaram | kang saguh arsa bantoni | tan ana prapta | ya ta abdine sami ||

17. tigang atus prasami lolos sêdaya | mung lurah nêm kang kari | Pangran Alit mirsa | yèn kalêbu loropan | mangunadika ing galih | yèn sun mundura | wirang ya bêcik mati ||

18. sigra mangsah pangeran ngamuk manêngah | piyak wadya Mêntawis | tan ana kang nglawan | ngiwa nêngên piyaknya | Dipati Sampang nulya glis | Dêmang Mêlaya | inggal amalajêngi ||

19. wus kapêthuk ngrangkul sukune pangeran | matur angasih-asih | gusti ywa mangkana | ing karsa dèn sarèhna | ywa mêngsah rakamta aji | sri naranata | sangêt mirma sayêkti ||

20. mring paduka prayogi paduka seba | sampun dhahar turnèki | ingkang tan raharja | pangeran sru ngandika | aja kakehan cariwis | ya ta pangeran | sangêt riwuting galih ||

21. sigra narik Setan Kobêr kang curiga | Dêmang Mêlaya nuli | sinuduk salangnya | tatas anulya pêjah | wong Madura aningali | gustine pêjah | anèng kisma gumuling ||

22. sarêng ambyuk wadyabala ing Madura | ya ta Pangeran Alit | sinosok ing tumbak | ananging

--- 3 : 56 ---

datan pasah | wadya Sampang akèh mati | dene pangeran | lurah nênêm kang mati ||

23. lir Bimanyu jêng pangeran yudanira | rinêbut Kurawèki | duk prang Bratayuda | ngamuk lawan curiga | ya ta Jêng Pangeran Alit | jêmpoling asta | kêni kêmbang kacang kris ||

24. amung dhadhal kang kulit ayam kewala | cape astanirèki | sumaput aniba | nèng kisma wus pralaya | wau Jêng Pangeran Alit | sor ringin kêmbar | sagung para dipati ||

25. ya ta inggal angrarômpa layonira | binêkta mangarsa glis | minggah sitibêntar | sang nata duk tumingal | ingkang rayi angêmasi | sangêt karuna | kêpati sri bupati ||

26. ingkang ibu lajêng ngrungkêbi layonnya | kang putra lara nangis | sang nata ngandika | sapa kang matènana | yaiki marang si adhi | para bupatya | sami nêmbah wotsari ||

27. aturira wiwitan praptèng wêkasan | ngandika sri bupati | ari ngong sih bocah | wis prawira digdaya | olèh bela adipati | wonge kèh pêjah | sang nata asru angling ||

28. sêksènana sarupane wong Mêntaram | si adhi sun belani | sang nata gya mêrang | baunira kang kiwa | pasah ludirane mijil | Ajar Saloka | ing ngriku nulya manjing ||

29. kacarita sang aprabu ing Mêntaram | gèthèk bau kang kering | ngriku panitisnya | nênggih Ajar Saloka | ing nguni kang dèn pêjahi | dhatêng [dha...]

--- 3 : 57 ---

[...têng] Pangeran | Silarong tilar wêling ||

30. sri narendra sigra anulya parentah | mring sagung pra dipati | kabèh wong Mêntaram | layone ariningwang | pêtakên marang Magiri | dagane rama | sang nata tyasnya brangti ||

13. Asmaradana

1. karaton Palèrèd dadi | sang nata anulya jêngkar | ngalih kêdhaton Palèrèd | wusira ngalama-lama | wau sri naranata | dènira ngalih kêdhatun | sagarwa putra sêdaya ||

2. ya ta kangjêng sri bupati | saklangkung anèh ing karsa | tan kadi adat-adate | mèh sabên dina sang nata | siniwi magêlaran | lamun tinangkil sang prabu | lajêng dhawuh mêjahana ||

3. mantri utawi liyaning | wong Mêntaram sami susah | kunêng gênti winiraos | ing mangke kang kawarnaa | Tumênggung Wiraguna | Danupaya katrinipun | Kyai Tumênggung Mêntaram ||

4. bupati ingkang kêkalih | Ki Tumênggung Wiraguna | lan Danupaya kalihe | sawadya mêdal dharatan | Ki Tumênggung Mêntaram | wadya Pasisir sêdarum | miranti mêdal lautan ||

5. gancanging carita prapti | watês nêgri Bêlambangan | lajêng tata pakuwone | Adipati Bêlambangan | sampun atata-tata | angrakit prajuritipun | samêkta gamaning yuda ||

6. sêksana têngara aglis | bêndhe bèrine tinêmbang | pratôndha mangsah palugon | kumêrap kang wadyabala | ya ta wadya Mêntaram [Mênta...]

--- 3 : 58 ---

[...ram] | têngara bêndhe angungkung | tambure munya brang-brangan ||

7. bul-umbul lêlayu sami | bandera têngêranira | wus pinasang sêdayane | pratandhanira ayuda | Tumênggung Wiraguna | ulês bopong kudanipun | sinung nama pun jêmunak ||

8. ki tumênggung sampun nitih | turôngga lan pinayungan | akubêng magêrsarine | barise anèng ing kanan | nindhihi prajuritnya | Ki Danupaya Tumênggung | anindhihi baris kiwa ||

9. anitih turôngga abrit | akêkasih pun wiratha | sarwi dèn garkên payunge | wadya magêrsari kapang | tuwin para sêntana | wadya prajurit nèng ngayun | gêlare sampun tinata ||

10. supit urang glaring jurit | sêsungut utawi awak | lan kang dadi sêsupite | Adipati Bêlambangan | sigra mangsahkên yuda | nrajang kang dadi sêsungut | mirut prajurit Mêntaram ||

11. wadya Bêlambangan ngukih | kinira wadya Mêntaram | lajêng dhadhal prajurite | angêlud wong Bêlambangan | tan wruh kalêbu gêlar | sêsupit sarêng atêpung | anungkêbi kering kanan ||

12. wong Mêntaram mangsah jurit | wong Blambangan karepotan | yudane sampun kalorop | ingamuk wadya Mêntaram | prajurit kathah pêjah | wong Blambangan kathah lampus | kang wangke susun atumpang ||

13. wong cilik atumpês tapis | Adipati Bêlambangan | sêmana lumayu age | angungsi dhatêng baita | sinawang

--- 3 : 59 ---

layarira | anyabrang dhatêng ing Wangsul | kunêng ingkang kawarnaa ||

14. Tumênggung Wiragunèki | lan Tumênggung Danupaya | sêksana jêjarah age | dhumatêng kutha Blambangan | pawèstri rajabrana | kinumpulakên sêdarum | sèwu cacahe manusa ||

15. gya budhal marang Mêntawis | kêbut saha wadyabala | datan kari boyongane | kunêng malih kawarnaa | wong Bali nèng lautan | sêdyanira arsa nglambung | tan wruh lamun ing lautan ||

16. wadya Mêntaram wus baris | lajêng sami bôndayuda | mariyêm sinulêd age | wong Bali pêraunira | kêna ing mimis pêcah | lajêng kèrêm anèng laut | kang gêsang palwane bubar ||

17. umantuk dhatêng ing Bali | ya ta malih kawarnaa | Tumênggung Wiragunane | lan Tumênggung Danupaya | kang mantuk mring Mêntaram | Ki Mêntaram bubar mantuk | nanging mêdal ing lautan ||

18. Ki Wiraguna winarni | nèng marga kacandhak gêrah | satêmah dadi patine | Ki Tumênggung Danupaya | nèng marga mirêng warta | Jêng Pangeran Alit surud | langkung anglêk ing wardaya ||

19. ki tumênggung lolohlolos aglis | saking putêking wardaya | Ki Danupaya wus layon | sagunge ingkang boyongan | utawi kang jarahan | anèng Taji kèndêlipun | Kyai Tumênggung Mêntaram ||

20. atur uninga sang aji | sampun katur sêdayanya | sang nata ngandika alon | yaiku Si Danupaya | kabèh [ka...]

--- 3 : 60 ---

[...bèh] nak putunira | padha patènana iku | gandhèk lawan juru tuwak ||

21. sampun sami prapta Taji | panggih anak putunira | Tumênggung Danupayane | ya ta lajêng pinêjahan | kathahnya kalih wêlas | kunêng gantya kang winuwus | mangsuli caritanira ||

22. Pangeran Silarong nguni | duk Sultan Agung jênêngnya | punika Pangran Silarong | ingutus bêdhah Blambangan | ing mangke winurcita | Pangeran Silarong wau | pinuju tampi giliran ||

23. akêmit anèng jro puri | sang nata anèng jro pura | pinuju sang nata sare | lawan garwa nèng paprêman | tinutup samirira | ya ta wau kang winuwus | Juru Taman sigra prapta ||

24. Ki Juru Taman puniki | duk ing nguni ingkang nama | anênggih Baron Sikèdhèr | lajêng malêbêt ing pura | nimbali para garwa | amindha-mindha sang prabu | yèn kala nimbali garwa ||

25. sang nata kagyat tan sipi | lênggah anèng jro paprêman | amêspadakkên solahe | Juru Taman nèng jro pura | lajêng amotha-motha | ing para garwa sang prabu | sang nata sarêng waspada ||

26. Juru Taman solahnèki | sang nata langkung bramatya | mawinga-winga jajane | wêdana kadi sinêcang | andik pasuryanira | padoning lathi kumêdut | kang langse sigra winiyak ||

27. sri bupati nyandhak aglis | Ki Baru pinusthi ngasta | saksana tinumbak age | Juru Taman jajanira | pasah ludira muncrat |

--- 3 : 61 ---

tibèng plèstêr layonipun | gumuling Ki Juru Taman ||

28. sang nata sigra mêrpêki | kang layon anulya musna | ya ta wau sang akatong | sêmana miyarsa swara | ujare ponang swara | dumêling myarsa sang prabu | hèh sang nata ing Mêntaram ||

29. nora bisa malês mami | saiki marang ing sira | antinên besuk ing têmbe | pan iya nêgara Jawa | mêsthi yèn ana mesa | bule siwêr netranipun | dèn angati-ati sira ||

30. sun malês turunmu benjing | marang wong ing nusa Jawa | sang nata sru pamuwuse | besuk mêngko wani ingwang | kang swara nulya musna | sang nata ngandika arum | manis kadi guladrawa ||

14. Dhandhanggula

1. bocah wadon pariksanên nuli | sapa pangran kang kêmit ing jaba | timbalana mring kêdhaton | pawongan sigra mêtu | praptèng jawi nulya kêpanggih | Pangran Slarong ngandikan | malêbêt kêdhatun | jêng pangeran malbèng pura | prapta nêmbah adhi Slarong dipun aglis | buwangên rah dèn inggal ||

2. Pangran Slarong sigra mêndhêt takir | ingkang êrah sami winadhahkanwinadhahan | anèng takir nulya age | tilasing rah puniku | anèng siti dèn dhudhuk kêdhik | katut lan sitinira | dèn wadhahi wau | nênggih sanès ingkang wadhah | tan inguwor kêlawan wadhahing gêtih | byar kundur rah binêkta ||

3. praptèng dalêm pagran mundhut aglis | rah kang nèng takir tinutul sêga | sakêpêl pinakakake | sona [so...]

--- 3 : 62 ---

[...na] gya mangan sêkul | asu niba lajêng ngêmasi | ambêdhêl badanira | ya ta kang rah wau | gya cinarub lisah klapa | kaparingan nama upas anglung nênggih | singa-singa kang kêna ||

4. upas anglung anulya ngêmasi | lama-lama abdi kathah pirsa | wontên satunggal abdine | Ki Citra wastanipun | matur nyuwun panawanèki | upas anglung punika | pinaringan sampun | dhudhukan siti ngandhap rah | sumangsane wontên janma ingkang nêdhi | upas anglung punika ||

5. sumangsane dipun panawani | dhatêng Ki Citra anulya waluyaLebih satu suku kata: dhatêng Ki Citra nulya waluya | ya ta lami-lami mangke | ingkang warta misuwur | dhatêng tiyang sajro nêgari | katur ing kangjêng sultan | wau sang aprabu | sarêng amiyarsa warta | sangêt duka Jêng Sultan Agung Mêntawis | Pangran Silarong nulya ||

6. gya tinundhung jêng pangeran aglis | datan parêng wisma jro nêgara | nèng dhusun Naladanane | Jêng Sultan Agung surud | ingkang putra gumantya aji | Sunan Gèthèk punika | kang warta misuwur | Pangeran Slarong karyanya | asring paring upas anglung dhatêng janmi | kinarya nganiaya ||

7. Sunan Gèthèk amiyarsa warti | langkung têrang kang atur pawarta | nênggih dhumatêng sang katong | sang nata langkung bêndu | dukanira tan kêni lilih | nyata Ajar Saloka | wus nukma sang prabu | pinarêng takdiring Suksma | ya ta Kangjêng Sunan Gèthèk ing Mêntawis | gya dhawuh juru tuwak ||

8. Pangran Slarong kinèn amêjahi |

--- 3 : 63 ---

gya lumampah kalih juru tuwak | sampun prapta ing dalême | Pangran Silarong laju | lênggah anèng pandhapa ngarsi | juru tuwak gya prapta | dhawuhakên wau | timbalanira sang nata | Pangran Slarong tampi timbalan sang aji | pinundhut pêjah tuwak ||

9. gya sinuduk jajanira nuli | pasah rahnya sumêmbur nyamburat | wus seda Pangran Silarong | juru tuwak gya wangsul | garwa putra sami anangis | punika wus têtela | ujare karuwun | sumbare Ajar Saloka | ingkang dipun pêjahi duk kala nguni | mring pangran nèng Blambangan ||

10. wus kayêktèn kawarnaa malih | sri narendra utusan ngupaya | wanodya kang yu warnane | kinarya sêlir prabu | nulya wontên abdi tur uning | kêlamun dhalang wayang | gêdhog wismanipun | lêbête praja Mêntaram | Kyai Wayah punika ingkang kêkasih | inggih kadarbeadarbe anak ||

11. mung satunggal èstri ayu luwih | warnanira ngungkuli sapraja | nanging sampun gadhah bojo | Ki Dalêm wastanipun | sri narendra sarêng miyarsi | ya ta lajêng utusan | pawèstri pinundhut | nanging pawèstri punika | sampun wawrat kalih wulan laminèki | ya ta prapta jro pura ||

12. sri narendra sarêng aningali | sakêlangkung dènira kacaryan | anulya dhawuh sang katong | bocah wadon puniku | pêrnahêna ing dalêm nuli | kang kinèn sigra mentar | praptèng dalêm sampun | sang nata anulya [anu...]

--- 3 : 64 ---

[...lya] têdhak | sih-sinihan sang nata kêlangkung asih | supe mring para garwa ||

13. sangêt kasêngsêm dhatêng pawèstri | rabinira Ki Dalêm punika | malah dèn angkat namane | Ratu Wetan Sang Ayu | tiyang kathah sami mêstani | inggih Jêng Ratu Malang | mangkana winuwus | sampun prapta ing sêmaya | wawratannya miyos jalu langkung pêkik | sangêt sihnya sang nata ||

14. sri narendra gya parentah aglis | lakinira Kangjêng Ratu Malang | nênggih Ki Dalêm wastane | kinèn mêjahi sampun | dupi wau Ki Dalêm mati | Jêng Ratu Malang tansah | udrasa kêlangkung | ing siyang dalu karuna | kang cinipta amung Ki Dalêm kang mati | siyang ratri asambat ||

15. dhuh Ki Dalêm iya laki mami | ngong tan bisa kari anèng dunya | lah nuli gawanên age | ingsun tan bêtah kantun | nadyan ingsun ginarwèng aji | dhuh kakang atiningwang | ya maksih kadulu | kakang pasihan andika | antènana kakang Dalêm awak mami | nèng bale marcukundha ||

16. sutanira kakang uwis lair | mêtu lanang kakang kaya sira | agagah bagus rupane | atilar dhahar turu | ing antara mung sangang ari | Sang Ratu Malang gêrah | mutah lajêng murus | mung saêjam nulya seda | sampun katur sang nata tyasira rujit | tambuh-tambuh ing solah ||

17. awêkasan têmah wêtu runtik | sarupane pawèstri jro pura | kang nèng dalêm wetan kabèh | bêthèkana sêdarum | nèng paglaran [paglar...]

--- 3 : 65 ---

[...an] kaputrèn iki | dosane iku padha | mênggawe rabiku | nalika lara sambatnya | mung Ki Dalêm sinambat ing rina wêngi | jisime Ratu Malang ||

18. kinèn mêtak dhatêng rêdi Kêlir | lan tilare atmaja dèn êmban | dhumatêng sang nata dhewe | sang nata gêrah gandrung | anèng rêdi Kêlir nunggoni | jisime Ratu Malang | tansah gandrung-gandrung | sangêt mirong karungrungan | sri narendra kesah sarwi ngêmban siwi | saksana mundhut sêkar ||

19. angsana bang cangkelak gya bali | mring ênggone garwa Ratu Malang | sang nata lon ngandikane | sarwi agandrung-gandrung | dhuh mas mirah wungua yayi | ênya iki puspita | supaya anggandrung | karyanên ukêl ing rema | atmajanta payo sêsêpana yayi | sang nata sigra ngaras ||

20. sarwi alon ngandika ngêrintih | paran yayi duhkitaning driya | suwe sira ngênêngake | pun kakang kari gandrung | nora ngrasa dosa ngong yayi | marang ing jênêngira | marma ingsun gandrung | katongton ing warnanira | sigra kesah cangkelak bali sang aji | nulya ambêdhol puyang ||

21. gya kinumbah nèng asta cinangking | bali gène garwa Ratu Malang | sarwi alon ngandikane | sarwi agandrung-gandrung | iki puyang karyanên yayi | pan iya dhaharira | supayane gandrung | pinangku layoning garwa | suwe têmên sira yayi tan ngêlilir | ya ta sagung punggawa ||

22. sami sungkawa andulu sang ajiLebih satu suku kata: sami sungkawa dulu sang aji | sami matur pukulun sang

--- 3 : 66 ---

nata | èngêt kang jumênêng katong | sampun kadurus gandrung | garwa dalêm sampun ngêmasi | inggih môngsa kiranga | wanodya yu gandrung | gusti kawula ngupaya | wanodyendah ngungkuli dayinta gusti | ingkang sampun pralena ||

23. mung paduka amantuna gusti | sih ing garwa kang sampun pralaya | èngêta kaprabon katong | mantuna gêrah gandrung | botên sae mênawi gusti | kontap ing praja liyan | narendra agandrung | sang nata minggu kewala | tanpa nabda anjêtung aringik-ringik | dhêkukul dènnya lênggah ||

24. pan kalantur ing siyang praptèng ratriLebih satu suku kata: pan kalantur siyang praptèng ratri | lajêng sare sang nata sêmana | supêna wau sang katong | Ratu Malang kêpangguh | pan pinangku lakinirèki | Ki Dalêm ngaras-aras | Ratu Malang ngrangkul | sang nata sarêng tumingal | langkung kagyat garegah wungu sing guling | ningali jisimira ||

25. Ratu Malang wus nir sipat janmi | sanalika èngêt sri narendra | dhawuh karsa angêdhaton | waluya gêrah gandrung | angandika marang ing dasih | pêndhêmên jisimira | Ratu Malang iku | sang nata kondur ngadhatyan | lêga tyase sagunge para dipati | miwah para sêntana ||

26. sinêngkalan pamêndhême jisim | Ratu Malang èsthi buta nyataSengkalan: Ratu Malang èsthi buta nyata (1585 A.J.). | wadya ing Mêntaram kabèh | wus têntrêm sapraja gung | kawarnaa sri narapati | nênggih kala sêmana | gangsal putranipun | prasami kakung sêdaya | kang pambajêng patutanira sang aji | lan putri Surabaya ||

--- 3 : 67 ---

27. kang dèn angkat Pangeran Dipati | Anom inggih kang ginadhang-gadhang | gumantos jumênêng rajèng | arinira pan catur | sami sanès ibunirèki | panggulunira nama | Pangran Pugêr bagus | Pangran Singasari dhadha | sundhulannya Pangeran Martasanèki | wuragilipun nama ||

28. Dèn Mas Tapa sigêgên sang aji | kocap Pangran Pêkik Surabaya | nunggal Pangran Dipatine | among ing wayahipun | langkung asih ing wayahnèki | utawi garwanira | asihnya kêlangkung | anênggih kala sêmana | Pangran Pêkik apan ta iku gadhahi | kêlangênan bêkisar ||

29. èstri dènnya angingu duk alit | lami-lami wau kang bêkisar | dadya jalu acêcènggèr | bagus bisa kaluruk | sangêt eram Pangeran Pêkik | mangkana ciptaning tyas | kang bêkisar wau | pantês kunjuk sri narendra | sabab anèh kurungan dipun salini | rinarêngga bra mubyar ||

30. rinuruban sutra pingul asri | pinalisir kinakêmbang renda | Pangeran Pêkik nulya ge | lumêbu ing kêdhatun | marêk dhatêng sri narapati | wus cundhuk tata lênggah | lawan sang aprabu | Pangeran Pêkik lon turnya | dhuh pukulun pun patik atur udani | dudukwuluh atômpa ||

15. Dudukwuluh

1. abdi dalêm punika gusti angingu | ing nguni bêkisar èstri | lami-lami dados jalu | kang warna langkung prayogi | pantês wontên ing kêdhaton ||

--- 3 : 68 ---

2. ya ta mèsêm wau kangjêng sang aprabu | bêkisar dipun tampèni | ing lair suka kêlangkung | ngandika eram nglangkungi | asangêt gumun sang katong ||

3. jro wardaya sang nata kêlangkung bêndu | tan samar ingkang panggalih | kang rama sasmitanipun | ing netya datan kêtawis | kêlamun runtik sang katong ||

4. bangkit nukma sang nata ing agal alus | sampêt pamêrdining sandi | sang nata osiking kalbu | hèh ta si paman puniki | mring ingsun atur pasêmon ||

5. wit putrane pawèstri kagarwa mring sun | mêngko sun patutan siji | mêtu lanang ngong wèh juluk | sun angkat iku sêmangkin | Pangeran Dipati Anom ||

6. ya ing mêngko uwis diwasa si kulup | supaya sèlèha mami | ya marang atmajaningsun | mring thole Pangran Dipati | iku umadêga katong ||

7. adhuh paman asangêt panêdhaningsun | si paman gènnya ngaturi | prayogi sampeyan mantuk | Pangeran Pêkik gya pamit | lèngsèr saking ngarsa katong ||

8. saundurnya Pangeran Pêkik sing ngayun | sang nata ngandika aris | dhatêng ing abdi sêdarum | si paman Pangeran Pêkik | maring ngong atur pasêmon ||

9. tan prayoga karêpe si paman iku | ngaturi bêkisar iki | awite wadon satuhu | lawas-lawas dadi malih | lanang iku kang pasêmon ||

10. tan prayoga karêpe si paman iku | ngaturi bêkisar iki [i...]

--- 3 : 69 ---

[...ki] | ingkang diaturkên ingsun | putrane si paman èstri | barêng kagarwa maring ngong ||

11. manak lanang mêngko diwasa si kulup | pantês gumantia aji | si kulup iku maring sun | si paman ingsun arani | pan iku gege kêprabon ||

12. nora bêcik karêpe têka kasusu | sang nata malêbèng puri | abdi ingkang mirêng dhawuh | sang nata saklangkung runtik | mring Pangran Pêkik ing batos ||

13. ya ta wontên abdi sawiji umatur | dhumatêng Pangeran Pêkik | ngaturkên dhawuh sang prabu | miwiti malah mêkasi | pangeran duk myarsa wartos ||

14. sakêlangkung gêgêtun ing galihipun | katumpangan sangêt ajrih | mring dukanira sang prabu | gya rêmbag lawan kang rayi | sang dyah myarsa sangêt gawok ||

15. awusana sang rêtna waspanya mêtu | alon pamuwusirèki | kados punapa kang rêmbug | kula kangmas pan umiring | amrih prayogining lakon ||

16. Pangran Pêkik alon pangandikanipun | yèn kadi punika yayi | bêcik sira lawan ingsun | apepe ngisor waringin | busana putih wong roro ||

17. Ratu Wandhan alon wau aturipun | kangmas yèn kadya puniki | sumôngga nuntên lumaku | bok inggih sri narapati | dukanipun lamun kasok ||

18. têmah kasèp sêksana busana sampun | amangangge sarwa putih | pepe kidul wringin kurung | lan garwa sêntana aji | mlêtuk [mlê...]

--- 3 : 70 ---

[...tuk] lir kapuk kawuson ||

19. pan sêdaya sami ngangge sarwa pingul | sang nata nuju miyosi | siniwakèng ing wadya gung | pinarak anèng sitinggil | karsanira sang akatong ||

20. pan angangkat dhumatêng ing putranipun | Ratu Malang kang wus lalis | samangke sinung jêjuluk | Pangeran Natabratèki | anulya wau sang katong ||

21. aningali sakidul waringin kurung | tiyang pepe sor waringin | kathah kapriksa sang prabu | gandhèk kinèn mariksani | gandhèk gya matur sang katong ||

22. ingkang pepe pangeran ing Surèngkewuh | sagarwa sêntana sami | sang nata sigra adhawuh | timbalana ngarsa mami | kang dinuta awotsinom ||

23. sampun kering prapta ngarsane sang prabu | minggah dhumatêng sitinggil | Pangran Pêkik minggah sampun | kêlawan garwanirèki | kang miyat sêdaya gawok ||

24. sami wêlas angêrês wardayanipun | sang nata sarêng ningali | dhumatêng kang paman wau | tuwin ningali kang bibi | kumênyut tyasnya sang katong ||

25. sri narendra saking dhêdhampar tumurun | kang paman lawan kang bibi | ingaturan tata lungguh | anèng soring dhampar aji | katiga sami andheprok ||

26. sri narendra alon pangandikanipun | punapa paman dadya wit | pepe sor waringin kurung | umatur Pangeran Pêkik | dhuh pukulun sang akatong ||

27. ulun atur prasêtya ing ngarsa prabu | anggèn [ang...]

--- 3 : 71 ---

[...gèn] kawula aturi | rumiyin kunjuk sang prabu | tan pisan ulun gadhahi | èngêt lan atur pasêmon ||

28. tuwin ulun yèn gadhah osiking kalbu | maringi dhatêng sang aji | sumêdya balela ratu | tuwin kalamun gadhahi | gege môngsa ing kaprabon ||

29. Pangran Pêkik lawan garwa sarêng matur | lamun kangjêng sri bupati | tan arsa ngapuntên ulun | pukulun amba samangkin | kapêjahana kemawon ||

30. ulun gusti kumurêp ngayunan prabu | katuwêka kris kang mandi | cinacaha kongsi ajur | pun dasih dhatêng nglampahi | sêkar pucung kang gumantos ||

16. Pocung

1. inggih ulun sêdya saos karsa prabu | kalihnya karuna | dènira matur sang kalih | pan tumungkul muka lir konjêm ing kisma ||

2. sang aprabu ing nalika myarsa atur | kang bibi lan paman | kang driya kadi jinait | awusana sang nata milya karuna ||

3. apan emut suwargining ramanipun | sagung kang sumewa | kang cakêt barêbês mili | sangêt wêlas dènira sami tumingal ||

4. sang aprabu ngusapi luh sênggruk-sênggruk | bibi tuwin paman | sampun sungkawa ing galih | sampun kathah ingkang kagagas ing driya ||

5. inggih ingsun tan ngraos runtik puniku | lan samangke kula | dhatêng paman amaringi | maklum tuwin dhatêng pun bibi punika ||

6. kadwinipun kula wêwarta satuhu | ing benjang yèn kula | paman sampun [sa...]

--- 3 : 72 ---

[...mpun] angêmasi | mêsthi wayah sampeyan kang gumantosa ||

7. pan satuhu wayahta kang dadya ratu | mêngku tanah Jawa | nanging kêdhatone binjing | inggih botên wontên nêgari Mêntaram ||

8. kratonipun wayah sampeyan ing besuk | pan ing Wanakarta | dene ing Mêntaram ngriki | namung kula kang mêkasi dadya nata ||

9. ngaras suku Pangran Pêkik alon matur | nging panuwun kula | mring Allah kang kaping kalih | kangjêng rasul risake praja Mêntaram ||

10. inggih sampun sanès ingkang madêg ratu | mungna trah paduka | sang prabu aris mangsuli | paman sampun pinasthi karsaning Suksma ||

11. risakipun yèn nagari mèh praptèku | margine punika | wit wayah sampeyan benjing | gih pun thole Dipati Anom kang karya ||

12. sarêng ngrungu Pangran Pêkik dhawuhipun | sang prabu mangkana | gagêtunira nglangkungi | sri narendra alon pangandikanira ||

13. kalihipun paman bibi sae kondur | sampun ta sumêlang | kathah-kathah kang ginalih | kula paman inggih botên napa-napa ||

14. sang aprabu sigra kondur mring kêdhatun | ginarbêg bêdhaya | tanapi pawongan cèthi | praptèng pura sampun asalin busana ||

15. sang aprabu nimbali mantri nèng ngayun | kêkalih kang nama | Nayatruna Yudakarti | ya ta alon angandika sri narendra ||

16. ingsun utus sakarone sira iku | padha lumakua | marang ing tanah pasisir |

--- 3 : 73 ---

utawane ana ing môncanagara ||

17. dèn kongsantuk ngluru wanodya kang ayu | bakal ingsun garwa | nanging iya wêkas mami | kang sirambah lah ambungên banyunira ||

18. sumbêripun wong nêgara kang dèn inum | yèn banyune ana | sira gônda mambu wangi | ya ing kono ênggone wadon kang endah ||

19. kang pinunjul sanuswa Jawa satuhu | nuli pêpakêna | wong wadon sajro nagari | lan wong desa aja na kari sajuga ||

20. awotsantun Nayatruna nulya gupuh | Yudakarti mentar | alaju lampahirèki | kang jinujug anèng nagara Japara ||

21. Jêparèku ginônda pranyata suwung | lajêng lampahira | dhumatêng ing Surawèsthi | wontên ngriku anggônda toya sumbêran ||

22. langkung arum gandane kang toya iku | Kyai Nayatruna | Yudakarti amanggihi | mantrinira Pangeran Pêkik sêmana ||

23. ingkang dipun pitadosi têngga wau | nêgri Surabaya | anama Kyai Ngabèi | Mangunjaya Yudakarti Nayatruna ||

24. dhawuhipun timbalan dalêm sang prabu | Kyai Mangunjaya | tampi dhawuh Yudakarti | lan dhawuhe Ki Ngabèi Nayatruna ||

25. kagèt asru amicorèng jroning kalbu | baya takdiring Hyang | yèn anakku wadon iki | bakal dadi garwane sri naranata ||

26. Kyai Mangunjaya lon dènira muwus | mring Ki Nayatruna [Nayatru...]

--- 3 : 74 ---

[...na] | kêlawan Ki Yudakarti | dhuh kiyai saking ing pangraos kula ||

27. para arum salêbêting Surèngkewuh | tan wontên kang warna | inggih ingkang anyamèni | dhatêng anak kula pawèstri punika

||

28. Surèngkewuh wanodya pêpak sêdarum | môngsa ta miriba | kalih anak kula èstri | ing samangke sutamba dèrèng diwasa ||

29. mangsanipun inggih sawêg brai santun | pun Hoyi namanya | Ki Mangunjaya nimbali | atmajèstri tan adangu praptèng ngarsa ||

30. langkung ngungun Yudakarti sarêng dulu | dhatêng ni mbok rara | anjomblong tan bisa angling | netranira wong kalih kumêdhèp tismak ||

31. sarêng dulu mantri kalih sami muwus | hèh Ki Mangunjaya | anak andika pawèstri | warnanipun winulat girisi manah ||

17. Girisa

1. punika anak andika | pinundhut sri naranata | Mangunjaya aturira | sumôngga asta kalihnya | Nayatruna wuwusira | anuli dika dandana | dawêg sarêng lampah kula | dhatêng Mêntaram nêgara ||

2. lan anak dika wanodya | puniku andika bêkta | sandika Ki Mangunjaya | dandan lan sagarwa putra | tandhu titihane warga | amor lawan biyungira | anuli budhal sêksana | saking nêgri Surabaya ||

3. mangkana ing lampahira | datan kawurcitèng marga | ing Mêntaram sampun prapta | Yudakarti Nayatruna | lajêng angirid sêksana | tanapi Ki Mangunjaya | sarabine [sara...]

--- 3 : 75 ---

[...bine] lan sutanya | dhumatêng Ki Wirarêja ||

4. sapraptanira ing pura | umarêk ngarsa narendra | umatur Ki Wirarêja | ing purwa madya wusana | sang nata ningali sigra | mring Rara Hoyi warnanya | kapanujon ing wardaya | mung sawiji cacadira ||

5. kapalang pan dèrèng môngsa | wusana alon ngandika | hèh Ngabèi Wirarêja | bocah wadon iki iya | rêksanên wismamu kana | tutuga angolah warna | besuk yèn wus têkèng môngsa | sun pundhut maring jro pura ||

6. Wirarêja aturira | pukulun dhatêng sandika | ni rara lajêng kabêkta | mring wismane Wirarêja | kunêng wau ni mbok rara | anèng wisma Wirarêja | gênti malih kawarnaa | Pangran Dipati punika ||

7. samangke lambang asmara | lan garwanira Pangeran | Singasari datan pirsa | nanging dyan ayu punika | gadhah bedhangan malihnya | Pangran Pêkik kang atmaja | Radèn Dhobras wastanira | pêrnah pamanira marang ||

8. jêng pangeran adipatya | Pangeran Singasarinya | mung wuninga garwanira | bedhangan kêlawan Radyan | Dhobras punika pirsanya | Jêng Pangeran Singasêkar | sakêlangkung dukanira | ya ta pangran adipatya ||

9. wuninga yèn garwanira | Jêng Pangeran Singasêkar | olah lambangsari lawan | Rahadèn Dhobras punika | mangkana pangran dipatya | Pangran Singasari sigra | winadulan tingkahira | kang rayi olah miruda ||

10. lan Radèn Dhobras [Dho...]

--- 3 : 76 ---

[...bras] punika | kinarya samata-mata | Pangran Singasari myarsa | sakêlangkung dukanira | ya ta Pangran Singasêkar | Radèn Dhobras pinanggihan | tan pisan kêtarèng netya | wus panggih lênggah atata ||

11. pangeran alon dêlingnya | adhi mas lamun sêmbada | suwawia kalangênan | dhumatêng ing kêbon wana | inggih misaya kukila | Radèn Dhobras nut ing karsa | ing driya datan graita | dhasare kurang wêweka ||

12. ya ta lumampalumampah sêksana | sapraptaning kêbon wana | gya canandhakcinandhak ing ngakathah | dhinadhung jôngga wus lena | ing ngriku kang kêbon wana | wontên sumur wus palastra | lajêng linêbêtkên sigra | nulya ngurugan pratala ||

13. nginggil tinanêman pisang | tinilar kondur sêksana | kunêng kang sampun palastra | Pangran Pêkik kawarnaa | wrin kang putra datan ana | kapan sampun kalih dina | pra abdi kinèn ngupaya | nulya kang abdi sêdaya ||

14. ngupaya antuk pawarta | matur Pangran Pêkik sigra | pangeran têdhak sêksana | ya ta kinèn dhudhuk sigra | sampun mêntas jisimira | ngrungkêbi layoning putra | kêlangkung duhkitanira | pinarêng karsaning Suksma ||

15. prapta ingkang gara-gara | kunêng Mêrapi nyuwara | gumludhug awantya-wantya | Pangeran Pêkik karuna | watu gêng mumbul ngakasa | nèng wiyat kadya dahana | ladhu banjir banyu prapta | girisi dinulu janma ||

16. sela gêng tarung prasamya | têmahan [têmah...]

--- 3 : 77 ---

[...an] dadya pawaka | lir pendah udan dahana | ladhu mili ing narmada | kumêlun toya kukusnya | urut lèpèn mangisornya | sagunge kang desa-desa | kurugan ladhu prasamya ||

17. ana kabêsmi dahana | janma kewan kèh pralaya | ing Mêntaram aru-ara | udan wor angin prahara | bayu badra agung prapta | kêkês sagunging manusa | sang nata dhawuh sêksana | mring sagung para ngulama ||

18. sami kinèn andêdonga | nulak praptaning prahara | ya ta kang para ngulama | gumrumung prasami donga | katrima pandonganira | sagunge para ngulama | gunung Mêrapi sêksana | sirêp urubing dahana ||

19. wau ta kala sêmana | sêngkalane tanah Jawa | kêrti kori angin sasraSengkalan: kêrti kori angin sasra (1594 A.J.). | kunêng sirêping ru-ara | datan antara sêmana | sang nata kang ginupita | animbali putranira | Pangran Dipati mring ngarsa ||

20. tan adangu praptèng ngarsa | mabukuh pasilanira | kadi konjêm ing pratala | sri narendra angandika | thole sarèhning ta sira | ing samêngko wus diwasa | prayoga sira kramaa | saiki sira mênyanga ||

21. wismane Si Adipatya | Carêbon lah priksanana | dhèwèke duwe atmaja | ayu endah warnanira | iku patut adadia | kulup jodho pêkênira | prayoga sira dêlênga | dhingin mênawa ta sira ||

22. wus sênêng wardayanira | nuli sun pundhute marang | iya anèng jroning pura | kang putra matur

--- 3 : 78 ---

sandika | nêmbah lèngsèr saking ngarsa | laju tindak dalêmira | Carêbon sang adipatya | sarawuhira ing kana ||

23. gya ngaturan lênggah tata | nèng dalême sang dipatya | sang dipati wus anduga | kang dadya pêrluning karsa | sang adipati sêksana | wau kang putra wanodya | kinèn nyaoskên sêgahnya | gantèn mring raja taruna ||

24. Pangeran Dipati mirsa | dhumatêng wau ni rara | ngunadika ing wardaya | nyata yèn ayu kang warna | nanging sawiji cacadnya | rada lanas pasêmonnya | awani marang wong priya | dangu-dangu panggalihnya ||

25. sangsaya têbah punika | tan môntra-môntra rêsêpa | ningali dhatêng sang rêtna | anulya kondur sêmana | umatur maring sang nata | lamun tan condhong ing karsa | mangkana ing liya dina | Jêng Pangeran Adipatya ||

26. amêng-amêng tindakira | mampir dhatêng wismanira | Ki Ngabèi Wirarêja | dumarojog tindakira | prapta anèng ing pêndhapa | kacarita anakira | Ki Mangunjaya kang nama | Ni Rara Hoyi punika ||

27. sampun mêmêk birainya | dhasar warna yu utama | tan pêgat sadina-dina | dènira ngolah sarira | saya wuwuh ayunira | kang tumingal sami brôngta | sampun kacacak wong priya | tumingal marang ni rara ||

28. sayêkti anandhang brôngta | pamulunira ni rara | pantês salêlewanira | pait kilang èsêmira | kala sêmana sang rêtna | pinuju bathik ni rara | anèng ing pêndhapa jaba |

--- 3 : 79 ---

lawan Nyai Wirarêja ||

29. kagèt ningali rawuhnya | Jêng Pangeran Adipatya | Ni Rara Hoyi sêmana | inggal wau kesahira | lumêbèng marang ing wisma | nolèh-nolèh lampahira | sarwi nata gêlungira | Jêng Pangeran Adipatya ||

30. ningali marang bok rara | sangêt kagèt ing wardaya | têrataban galihira | alupa ingkang sarira | mar trênyuh wèsthining ôngga | dangu datanpa ngandika | sangêt ing kasmaranira | Ki Ngabèi Wirarêja ||

31. dupi waspada tingalnya | mring Jêng Pangran Adipatya | lumajêng angraup pada | manêmbah alon turira | kadingarèn gusti karsa | têdhak pantining kawula | jêng pangeran driyanira | maksih sru dènira brôngta ||