Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

18. Asmaradana

1. dèrèng sagêd amangsuli | matur malih Wirarêja | punapa kinarsakake | gusti sumôngga lênggaha | anèng lêbêting wisma | jêng pangeran ngandika rum | tindak ingsun têka dolan ||

2. ingsun iki marma mampir | iya marang wismanira | pan amung arêp wruh bae | ing rakite omahira | hèh iya Wirarêja | ingsun takon mring sirèku | ngong mau dêlêng wanodya ||

3. duk prapta ngong lagi bathik | ingsun têka nuli lunga | apa anakira dhewe | Ki Wirarêja tur sêmbah | gusti èstri punika | sêngkêranipun sang prabu | rare saking Surabaya ||

4. dènnya mundhut taksih alit | lajêng ginadhuhkên kula | yèn wus dugi [du...]

--- 3 : 80 ---

[...gi] diwasane | dhawuhnya rama paduka | kasaosna mring pura | samangke wus wancinipun | ni rara mêpêk diwasa ||

5. milanipun kula gusti | badhe inggal anyaosna | malêbêt dhatêng kêdhaton | Pangeran Dipati myarsa | ature Wirarêja | tyasira wuwuh matrênyuh | sangsaya sangêt kasmaran ||

6. dhumatêng Ni Rara Hoyi | lêsu lupa kang sarira | lir kêna sinampirake | paja-paja tumindaka | kondur nandhang wigêna | sinabêt turôngga mamprung | sakêdhap prapta dalêmnya ||

7. gya tumurun saking wajik | lajêng manjing pasarean | asingêb kampuh nulya ge | pinanthêng kadya bêdhaha | sagunge abdinira | nyana gêrah gustinipun | mung êmban èstri uninga ||

8. yèn Gusti Pangran Dipati | gêrahe kasmaraning dyah | Kawirarêjan ênggone | ni êmban anulya sowan | mring Pangran Pêkik sigra | ni êmban alon umatur | gusti kawula tur priksa ||

9. wayah paduka jêng gusti | samangke anandhang brôngta | dhatêng wanodya yu anom | kang wontên Kawirarêjan | Pangeran Pêkik myarsa | tyasira sangêt kumêpyur | rumaos manggih bêbaya ||

10. sêmana ngandika aris | dhumatêng ing garwanira | Ratu Wandhan lon dêlinge | ratu ayu mêngko nêdya | anêrak kaluputan | payo jupuk wanodyèku | kang anèng Kawirarêjan ||

11. bakal sun wèhakên yayi | mring putu Pangran Dipatya | supaya maria [mari...]

--- 3 : 81 ---

[...a] nglamong | ananging ingsun watara | yèn aku kang jupuka | iya mring wong wadon iku | tan wurung sun olih duka ||

12. iya marang sri bupati | kaya apa awak ingwang | bok ratu aku pinatèn | marang putramu sang nata | nanging ta kinapakna | wis tuwa tekat wak ingsun | sanajan ingsun matia ||

13. sok putumu mari brangti | bisa suka manahira | tur mari susah atine | Ratu Wandhan aturira | dhumatêng ingkang raka | inggih kakang kula nurut | sakarsa-karsa sampeyan ||

14. sakalihan mangkat aglis | ginarbêg abdi pawongan | kathah ingkang dhèrèkake | bêkta joli tindakira | lampahira wus prapta | ing Kawirarêjan wau | Ki Ngabèi Wirarêja ||

15. gupuh amêthuk tumuli | tundhuk anèng pêlataran | sigra ingancaran age | paduka lumêbêt wisma | sawusnya tata lênggah | Ki Wirarêja umatur | manêmbah alon têmbungnya ||

16. dene kadingarèn gusti | sampeyan karsa pinarak | dhatêng kang abdi wismane | Pangeran Pêkik ngandika | wruhanta Wirarêja | têkaku mrene awèh wruh | iya marang jênêngira ||

17. putu ngong Pangran Dipati | ulihe têkomahira | banjur tinggal dhahar sare | aminggu jêtung kewala | ya pirang-pirang dina | dene ta kang dadi wuyung | barêng ningali wanodya ||

18. kang têka ing Surawèsthi | kang ana ing omahira | mulane ingsun marene [mare...]

--- 3 : 82 ---

[...ne] | têtêmu kêlawan sira | ngong jaluk lilanira | wadon iku ingsun jaluk | bakal tak dhaupkên lawan ||

19. putuku Pangran Dipati | mênawa sang nata duka | kang nanggoni aku dhewe | sênajan tumêka lena | sun dhewe ngandhêmana | sira aja mèlu-mèlu | umatur Ki Wirarêja ||

20. karsa paduka puniki | saklangkung panuwun kula | ulun gusti sangêt mopo | sangêt ing ajrih kawula | dhatêng putranta nata | mendah dukanya sang prabu | dhumatêng badan kawula ||

21. kula gusti tan nyuwawi | mênawi èstri punika | ing karsa paduka mangke | kantosa sampeyan bêkta | gusti badan kawula | kados ta inggih saèstu | pinêjahan ing sang nata ||

22. wau ta Pangeran Pêkik | myarsa ture Wirarêja | sakêlangkung sungkawane | asidhakêp astanira | tan sagêd angandika | adangu dènira jêtung | wusana alon ngandika ||

23. Wirarêja turmu iki | nora nana kaluputan | nanging ingsun nêmah bae | yèn ana dukaning nata | nadyan tumêka lena | sira aja mèlu-mèlu | ngong dhewe kang nglakonana ||

24. ngong tan ngèmbèt ing sirèki | lan iki pawèwèh ingwang | Wirarêja marang kowe | sarakit ingkang kalpika | rêgane sèwu reyal | lawan kêris loro iku | sasaput rantine pisan ||

25. ênya tampanana iki | Ratu Wandhan nambung sabda | Wirarêja sabênêre |

--- 3 : 83 ---

sun iki pan nora salah | bocah wadon ta iya | iku ta manira jaluk | sun tan jaluk uwong liya ||

26. sajatine bocah iki | pan bocah ingsun pribadya | jêr ing Surabaya kuwe | pan iya kagungan ingwang | môngka cah wadon ika | têka nêgri Surèngkewuh | ya mêsthine wajib ingwang ||

27. bocah wadon kang duwèni | dene yèn nak prabu duka | katêmua aku dhewe | kang nanggoni dukanira | Ratu Wandhan ngandika | mring Nyi Wirarêja arum | lah iku bok Wirarêja ||

28. pawèwèhku mring sirèki | êmas rong kati kèhira | busana pitung panganggo | dumên sanak-sanakira | lan sangang atus sêmat | dinare êmas rong atus | ya ta Nyai Wirarêja ||

29. sarêng nêningali melik | mring paringe Ratu Wandhan | sampun lumrahe wong wadon | kêlamun dulu bêrana | buwang duga prayoga | lali sabarang pakewuh | nadyan têmbe manggih rusak ||

30. sayêkti nora pinikir | wus turutane ing kuna | Jêng Nabi Adam mulane | tinurunkên saking swarga | wit saking Ibu Khawa | Nabi Suleman rumuhun | salin kinanthi têmbangnya ||

19. Kinanthi

1. pinêcat karatonipun | awit saking garwanèki | wontên malih caritanya | Pandhita Balhum ing nguni | têmah pinêcat imannya | pinanjingkên marang anjing ||

2. imannya Pandhita Balhum | sinalinan [si...]

--- 3 : 84 ---

[...nalinan] iman anjing | imane Balhum punika | pinanjingkên marang anjing | Sakhibul Kafi ing kuna | ya awit saking pawèstri ||

3. wontên carita winuwus | jro Sêrat Tajusalatin | Imam Bukhari kang warta | nênggih wontên janma siji | aminta wahyuning Suksma | pinandêng panêdhanèki ||

4. sampun kapitêdhan wahyu | sabarang ciptane dadi | tan sida tampi nugraha | amarga saking pawèstri | mulane Sultan Iskandar | Iskandar Dulkarnaèni ||

5. undhang marang wadyanipun | kêndhang Iskandar kinardi | biwarakkên undhang-undhang | tôndha prentah pêrlu yêkti | aja manut ing wanodya | ambuka lawang bilai ||

6. anutup lawang rahayu | samangke nêgri Mêntawis | Ki Ngabèi Wirarêja | ginubêl dhatêng ing rabi | ya ta Nyai Wirarêja | nêmbah sarwi anampèni ||

7. nulya lon pamuwusipun | dhumatêng lakinirèki | dhuh Kiyai Wirarêja | dika guru laki mami | ing dunya têkèng akerat | andika panutan mami ||

8. sampun ta andika minggu | mênawi sampeyan ajrih | dukanipun sri narendra | sri bupati ing Mêntawis | pan kiyai jêng pangeran | lan jêng ratu kang nanggoni ||

9. kintên kula sang aprabu | kiyai pan botên runtik | sabab kang mundhut punika | inggih kang putra pribadi | tur ginadhang madêg nata | lawan kula duk ing wingi ||

10. amiyarsa wartosipun | Jêng Gusti Pangran Dipati | tinari [ti...]

--- 3 : 85 ---

[...nari] krama sang nata | kinèn nambut ing akrami | rèhning sampun adiwasa | milane panduga mami ||

11. sang nata tan praptèng bêndu | lawan kyai kaping kalih | sang nata lawan kang putra | merang arêbut pawèstri | kontap ing nêgara liya | ing warta botên prayogi ||

12. saèstu ngalah sang prabu | môngsa kiranga pawèstri | garwane sang nata kathah | sêlir manggung lawan cèthi | pawongan jro pura gumrah | yêkti botên runtik kyai ||

13. Ki Wirarêja ambêkuh | hèh aja gumampang nyai | watêke sri naranata | nora galih khukum adil | ambuwang yudanêgara | khukum wênang dèn tindaki ||

14. Nyai Wirarêja muwus | sarwi netra bêrbês mili | dhuh kiyai sampun susah | anggalih kadi puniki | andika mikir kang panjang | Jêng Gusti Pangran Dipati ||

15. kiyai puniku besuk | Jêng Gusti Pangran Dipati | bakal jumênêng narendra | gêntèni kang rama benjing | amêngku rat tanah Jawa | yaiku putra kêkasih ||

16. sang nata pan sampun sêpuh | Jêng Gusti Pangran Dipati | ing benjing jumênêng nata | yêktine puniku kenging | andika ngèngèri benjang | lan saturun dika kyai ||

17. pêsthine punika emut | sih bêkti dika kiyai | gampil yèn dangu sang nata | mênggah Ni Mbok Rara Hoyi | Pangran Pêkik sampun sagah | ananggung sagung prakawis ||

18. dika botên mèlu-mèlu | Ki Wirarêja miyarsi | pamuwuse rabinira | rinasa

--- 3 : 86 ---

ginalih-galih | bênêr nanging tyasnya sêmang | binengkas aturing rabi ||

19. têmah tyasnya rangu-rangu | wusana kèlu mring rabi | sirna susila ing nata | ing kasêtyanira ênting | budi sura pugal prapta | ing kadarman robat-rabit ||

20. Ki Wirarêja umatur | dhumatêng Pangeran Pêkik | gusti kawula sumôngga | sakarsa ulun mèstuti | bok Rara Hoyi punika | kagungannya sri bupati ||

21. samangke paduka pundhut | sumôngga ing asta kalih | Pangran Pêkik lan kang garwa | sêksana nulya marani | dhumatêng wau ni rara | ginèndèng astanirèki ||

22. lajêng sinandhing alungguh | Pangran Pêkik ngandika ris | wruhanamu Wirarêja | wus pinêsthi ing Suksma di | kodrating Hyang nora owah | lohkil makful wus tinulis ||

23. rusake nêgri Mêntarum | marga bocah wadon iki | kowe tan wurung kasrakat | nêmu dukane sang aji | aku nora wurung benjang | iya tumêka ing pati ||

24. nanging ta sêmono iku | takdiring Hyang nora kêni | lamun sira ngowahana | paran gonira sumingkir | wis karia Wirarêja | ingsun iki pamit mulih ||

25. Pangeran Pêkik gya kondur | lawan garwanya sarimbit | Ni Rara Hoyi binêkta | tinumpakakên ing joli | Pangran Pêkik lampahira | jujug kadipatèn nuli ||

26. lawan kang wayah wus pangguh | ngandika Pangeran Pêkik | mas putu lah

--- 3 : 87 ---

wis maria | ênggonira lara brangti | aku wus olèh têtômba | Pangeran Dipati uning ||

27. waspada suka kêlangkung | lir manggih rêtna sawukir | sarêng tumingal ni rara | datan sêrônta ing galih | bok rara sinandhing lênggah | ngling alon Pangeran Pêkik ||

28. adhuh anggèr putuningsun | aja sumêlang ing kapti | yèn ramanta sri narendra | duka ingsun kang nanggoni | sênajan tumêkèng lena | aku dhewe kang nglakoni ||

29. sok tulusa sira putu | suka tyasmu sarta mukti | aja manggung lara brôngta | wis karia ingsun mulih | tutugêna pangantenan | manêmbah Pangran Dipati ||

30. mring kang eyang matur nuwun | sakêlangkung ulun pundhi | palimirmanta ing kula | sigra kondur Pangran Pêkik | Pangran Dipati samangkya | ningali Ni Rara Hoyi ||

31. gambira wardayanipun | ardaning karsa dhatêngi | gya pinondhong ni mbok rara | ingêmban mring tilamsari | lajêng anutugkên karsa | datan mawi nolih wuri ||

20. Pangkur

1. dènira karon asmara | tanpa wêlèh siyang anutug ratri | dhasar sami mangsanipun | asupe dhahar nendra | ênêngêna ingkang manggung karon lulut | kawarnaa sri narendra | pinarak anèng pêndhapi ||

2. kathah prajurit kang seba | nulya dhawuh dhumatêng abdi èstri | lumakua ingsun utus | Ngabèi Wirarêja | timbalana praptaa ing ngarsaningsun [ngar...]

--- 3 : 88 ---

[...saningsun] | barênga salakunira | kang dinuta mentar aglis ||

3. wus prapta ing wismanira | Wirarêja anulya dèn dhawuhi | timbalanira sang prabu | sêksana sigra mangkat | Wirarêja lampahira datan dangu | prapta ngarsaning sang nata | ingawe marêk ngarsa ji ||

4. hèh Ngabèi Wirarêja | bocah wadon kang saking Surawèsthi | wus diwasa mangsanipun | lêbokna ing jro pura | Wirarêja tumungkul nêmbah umatur | sarwi drês waspanya mêdal | pukulun lêpating dasih ||

5. nyaosakên pêjah gêsang | dasih ulun wontên ing ngarsa aji | inggih sampun tigang santun | laminya ni bok rara | Pangran Pêkik lan kang garwa kangjêng ratu | amundhut lajêng binêkta | pinanggihkên jêng putra ji ||

6. Jêng Gusti Pangran Dipatya | ulun ajrih ngêkahi Rara Hoyi | Pangran Pêkik lan jêng ratu | pamundhutipun mêksa | dhawuhipun dhumatêng ing badan ulun | yèn ana dukaning nata | ingsun dhewe kang ngandhêmi ||

7. aja mèlu-mèlu sira | nadyan silih tumêka lara pati | ingong pribadi tumangguh | pun patik ajrih pugal | Pangran Pêkik pamundhutnya lan jêng ratu | mila sru ajrih kawula | dhumatêng Pangeran Pêkik ||

8. sang nata sarêng miyarsa | sumung-sumung kang jaja wêdana brit | angatirah sotyanipun | wêdana lir sinêcang | sora sêru sang nata ngandikanipun | hèh gandhèk sira dèn inggal | lumakua ingsun tuding ||

9. si dhawuk ing Surabaya |

--- 3 : 89 ---

timbalana lawan sasanaknèki | nèng kêmandhungan dèn kumpul | kang dinuta gya mentar | sampun prapta Kasurabayan kêpangguh | Pangran Pêkik dhinawuhan | timbalanira sang aji ||

10. Pangeran Pêkik sandika | sigra panggih lawan garwa wêwarti | ingandikan sang aprabu | Pangeran Pêkik lingnya | lah ta ratu dèn abêcik sira kantun | môngsa ta wurunga ingwang | mring sang nata dipatèni ||

11. kang garwa sarêng miyarsa | waspa mijil alara dènnya nangis | wong dalêm nangis gumuruh | Pangeran Pêkik budhal | dipun iring sêntana wong patang puluh | lampahira sampun prapta | kêmandhungan tata linggih ||

12. gandhèk malbu tur uninga | dhuh pukulun Pangeran Pêkik prapti | lan santana patang puluh | wontên ing kêmandhungan | sri narendra sêmana anulya dhawuh | juru tuwak lumakua | yaiku Pangeran Pêkik ||

13. lan patang puluh sanaknya | patènana iya sadina iki | juru tuwak nêmbah mundur | praptane kêmandhungan | dhinawuhkên timbalanira sang prabu | Pangeran Pêkik sumôngga | sampun sami dèn têlasi ||

14. lan sêntana kawan dasa | juru tuwak wangsul marêk sang aji | yèn Pangeran Pêkik sampun | sêntana kawan dasa | sami pêjah sang nata sangsaya bêndu | hèh gandhèk sira mlakua | marang tanah Panaragi ||

15. gawaa Si Wirarêja | saanake bojone aja kari | sèlèhna Panaragèku | yèn wis têka ing kana [ka...]

--- 3 : 90 ---

[...na] | patènana lan saanak rabinipun | gandhèk nulya lumaksana | lumakya timbalan aji ||

16. ya ta sampun kêlampahan | Wirarêja prapta ing Panaragi | linampus nak rabinipun | kunêng ganti winarna | sri narendra pinarak ing pêndhapa gung | parêkan ingutus sigra | nimbali Pangran Dipati ||

17. sêksana kang duta mentar | tan adangu prapta ngarsa sang aji | sang nata ngandika rêngu | hèh sirèku mangkana | nora patut iya kang dadi karêpmu | wani marang jênêng ingwang | arsa ngrusak kraton mami ||

18. sirarsa anggege môngsa | nora sudi dudambêk satriya di | pratingkahira anguthuh | karya lêtuhing jagad | alungaa sun êlih wismanirèku | iya ana ing Nglipura | mangkata sadina iki ||

19. Pangeran Dipati nêmbah | lèngsèr saking ngarsa lampahirèki | mampir maring dalêmipun | Rara Hoyi binêkta | mring Nglipura ing kadipatèn pan sampun | jinarah saananira | dalême lajêng binêsmi ||

20. dhumatêng sri naranata | ya ta mangke wau sri narapati | owah lawan adatipun | kêlawan saban-saban | sabên dina anglampus janma sang prabu | sanadyan datanpa dosa | janma kathah dèn patèni ||

21. masesa mêjahi janma | para mantri bupati myang wadya lit | datan wotên towongipun | wontên abdi carangan | langkung sugih anama Carangan Nawung | sang nata sigra

--- 3 : 91 ---

parentah | Si Carangan Nawung iki ||

22. iku sira dhawuhana | saanake sanake aja kari | padha anganggoa pingul | anaa uwong pira | sadhiyaa ngisore waringin kurung | dina Soma ngarêp iya | arsa ingsun ganjar sami ||

23. misuwur wong sanêgara | prapta desa undhangnya sri bupati | kathah tiyang sami rawuh | dhatêng ing wismanira | wus samêkta sêdaya pangangge pingul | nadyan sanès sanak kadang | gêng alit sami tut wuri ||

24. wus prapta ing dina Soma | amalêtuk mangangge sarwa putih | anèng sor waringin kurung | kalih atus kathahnya | ya ta miyos sang nata nèng sitiluhur | waspada paningalira | sagung kang mangangge putih ||

25. gya dhawuh mring juru tuwak | wong kang anèng sor ringin nganggo putih | ya patènana sêdarum | tumandang juru tuwak | tumpês tapis sêdaya kang ngangge pingul | misuwur wong sanêgara | manahira sami tintrim ||

26. malah dadya paribasan | sagunging wong sajro praja Mêntawis | patine Carangan Nawung | niyaka lan sêntana | wus uninga mangke karsane sang prabu | anggêlarakên siyasat | mila lampahira sami ||

27. tumindak alap-alapan | kalênggahan lumampah jail drêngki | tatane nêgara rusuh | sagung tiyang Mêntaram | sami giris agêng alit manahipun | prapta ingkang gara-gara | grahana surya lan sasi ||

28. kathah udan salah môngsa | ingkang

--- 3 : 92 ---

lintang kumukus sabên wêngi | aganthêng katon salugu | lindhu ping nêm sadina | gunung Mrapi tan kèndêl swara gumludhug | udan awu ratri siyang | ngrêgancang calèrèt warsi ||

29. myang gara-gara liyanya | mratandhani badhe risak nêgari | bayu badra sindhung riwut | kèh kayu-kayu sêmpal | ya ta kunêng gêntia malih winuwus | Jêng Gusti Pangran Dipatya | nèng Nglipura dalêmnèki ||

30. lan Rara Hoyi kewala | anarima titahing Suksmana di | sang rêtna tansah pinangku | nanging sajroning nala | siyang dalu driyanya tansah pinêsu | ciptane pana ulpana | mangênêrkên tyas sang pêkik ||

31. ing rèh mobahing kawula | atas saking karsaning Suksmana di | Jêng Pangran Dipati asru | nênggih panêkungira | milanira gara-gara saya wuwuh | lesus-lesus alimêngan | lêbu mêlêk anglir riris ||

32. kathah ingkang buron wana | sato-sato malêbêt ing nêgari | praja wus katon wana gung | datan katingal praja | gunung Mrapi datan kêndhat urubipun | swaranira magênturan | kali-kali sami banjir ||

33. banjir ladhu nrajang desa | toyanira panase kadi gêni | wana gung katrajang gêmpur | sangêt dènnya ru-ara | ngênês giris sagung wong praja Mêntarum | anarka lamun kiyamat | riris gêtih andhatêngi ||

34. sagara kadya kinocak | ombakira anêmpuh parangcuri | mina-mina kathah lampus | mati kabêntus parang | kang samodra

--- 3 : 93 ---

toyanya panas kêlangkung | kadya wedang mawalikan | anglir surya satus manjing ||

35. malêbêt ing jro samodra | sri narendra anèng sajroning puri | sampun waspadèng ing sêmu | praptaning gara-gara | wit kang putra sungkawa wardayanipun | têmah lilih dukanira | sri nata dhumatêng siwi ||

21. Sinom

1. kawarnaa Jêng Pangeran | Dipatya Anom samangkin | lamine manggih ngapura | dhatêng kang rama sang aji | wangsul dalême lami | kadipatèn sang abagus | jro tyas tansah sungkawa | ingkang ginagas ing galih | sedanipun Pangran Pêkik sawarganya ||

2. lan sagung tiyang Mêntaram | gung alit sami prihatin | sagunge para sêntana | utawi bupati mantri | ya ta para dipati | anggubêl ing siyang dalu | dhatêng Pangran Dipatya | sêdaya sagung bupati | angaturi karsaa umadêg nata ||

3. supados têntrêming praja | raharjanira nêgari | Pangeran Dipati wêwah | sungkawanira panggalih | tyasnya kadi rinujit | ing siyang tanapi dalu | trênyuh raosing driya | ginagas-gagas ing galih | ya ta pangran mangunadikèng wardaya ||

4. upama ingsun ngêndhiha | marang jêng rama sang aji | misuwur liyaning praja | abangêt ngisin-isini | iba suwuring janmi | liya praja kang nora wruh | gêguyu marang ingwang | yèn ingsun nora tumuli | jumênênga narendra ana Mêntaram ||

5. kasêlak sangsaya rusak | wong ingsun praja Mêntawis | jêng rama [ra...]

--- 3 : 94 ---

[...ma] manggung niaya | mring sagung wadya Mêntawis | tinggal kramaning aji | siyasat wênang pinanggung | tumindak dina-dina | bêcik sun agawe kêlir | kang prayoga ambêdhah praja Mêntaram ||

6. Pangran Dipati garjita | kemutan sajro panggalih | ing nguni eyang Kajoran | bêntur tapa tur sinêkti | mêsthi bisa ngrampungi | ambêdhah praja Mêntarum | sabab wong bêntur tapa | sinêkti prajurit luwih | kaya kêna ingsun gawea wêrana ||

7. Pangeran Dipati sigra | lurah tiga dèn timbali | nama Kyai Pranataka | Ki Sumêndhi lawan malih | Ki Ôndakara katri | jêng pangran ngandika arum | têlu sira ngong duta | aturêna layang mami | iya marang kangjêng eyang ing Kajoran ||

8. kêjaba kang muni layang | si eyang turana nuli | barênga lan lakunira | tiyang têtiga wus sami | binisikan wêwadi | wus jinatèn pêrlunipun | kang dadya karsanira | Pangran Dipati kang gati | abdi tiga aturnya dhatêng sandika

9. nêmbah lèngsèr sigra budhal | kunêng lampahirèng margi | gênti ingkang kawarnaa | Pangran Kajoran winarni | sakêlangkung sinêkti | kasartan tapanya bêntur | barang cinipta dadya | ananging sêktining sikir | têbih saking kêramat tuwin maunah ||

10. kagungan mantu punika | saking Sampang wijilnèki | putrane Dêmang Mêlaya | Radèn Trunajaya nami | Dêmang Mêlaya nguni | kapêrnah kadange sêpuh | lawan Dipati Sampang | Cakraningrat ing samangkin | Dêmang Mlaya kang pêjah

--- 3 : 95 ---

anèng Mêntaram ||

11. pinarjaya mring Pangeran | Alit kalanirèng uni | sapêjahe ramanira | Trunajaya maksih alit | dadya lênggahirèki | pinaringkên adhinipun | Rahadèn Trunajaya | mila pamanira nênggih | piniyara mring Pangeran Cakraningrat ||

12. lami-lami wus diwasa | tinundhung pamanirèki | ginalih lamun akirda | lawan putranira èstri | milarsa dèn pêjahi | Radèn Trunajaya wau | marmanya wagêd gêsang | margi dèn umpêtkên sami | inggih wau dhatêng ingkang wadya Sampang ||

13. sababipun tiyang Sampang | kathah ingkang sami asih | dhatêng Radèn Trunajaya | nulya kesah sêdya ngabdi | dhatêng Pangran Dipati | Anom nêgari Mêntarum | nanging tan angsal marga | sabab sagung abdi-abdi | sami dipun sorok dhatêng Cakraningrat ||

14. amrih Radèn Trunajaya | sampun kantos sagêd ngabdi | dhumatêng Pangran Dipatya | Radèn Trunajaya nuli | ngêlambrang nut ing kapti | ing sapurug-purugipun | ngèngèr Pangran Kajoran | sampun waskitha ing galih | ya ta lajêng pinundhut mantu sêmana ||

15. dhumatêng Pangran Kajoran | sakêlangkung dipun sihi | dèn ugung sasolahira | Pangeran Kajoran uning | Radèn Trunajayèki | têmbe dadya prajurit gung | sagêd ngorêgkên tanah | sêdaya ing nusa Jawi | duk sêmana wau Pangeran Kajoran ||

16. nèng dalêm pinuju lênggah | kagèt dènira ningali | utusan [utusa...]

--- 3 : 96 ---

[...n] têtiga prapta | kang saking Pangran Dipati | sarta amundhi tulis | caraka ngandikan maju | lajêng ngaturkên sêrat | kang saking Pangran Dipati | tinampanan binuka sinukmèng driya ||

17. wuryaning sêrat kawula | wayah ta Pangran Dipati | Anom ing praja Mêntaram | kula atur sêmbah bêkti | dhatêng eyang sang yogi | wiyose nuwalaningsun | mangke eyang Kajoran | paduka kula aturi | mring Mêntaram sarênga lampahing duta ||

18. sabab ing wêktu punika | sangêt ribêding tyas mami | pangeran alon ngandika | mring duta katiganèki | paran rêntêng ing galih | kangjêng gusti wayah ingsun | apan putraning nata | kang sêpuh bakal dadya ji | kang amêngku kabèh ing rat nusa Jawa ||

19. duta tiga sarêng nêmbah | umatur sêdaya titi | ing purwa madya wêsana | Pangeran Kajoran myarsi | sampun kadugèng galih | sêmana nimbali mantu | Rahadèn Trunajaya | tan adangu praptèng ngarsi | angandika aris Pangeran Kajoran ||

20. hèh ta kulup Trunajaya | aku iki ditimbali | mring anggèr Pangran Dipatya | Anom nêgara Mêntawis | sira mèlua kaki | sandika sarwi wotsantun | ya ta anulya budhal | datan kawarna ing margi | sampun prapta anèng nêgari Mêntaram ||

21. lajêng marêk ngarsanira | Jêng Gusti Pangran Dipati | wus sami lênggah atata | umatur Pangran Dipati | eyang mila ngong turi | tindak [tinda...]

--- 3 : 97 ---

[...k] rawuh ing Mêntarum | saking ribêding manah | kaworan kuwatos inggih | rèhning mangke tiyang ing nêgri Mêntaram ||

22. sami susah manahira | amêrgi jêng rama aji | sabarang kang dados karsa | sanès lan ing nguni-uni | ambucal khukum adil | palimirma wus kapungkur | nindakkên ukum wênang | wêsiyasat sabên ari | andadoskên risake tiyang nêgara ||

23. dados sagung pra sêntana | utawi para bupati | sami gubêl dhatêng kula | supados jumênêng aji | gumantos jêng rama ji | mênggah ta atur puniku | lamun kula turuta | kula alingsêm sayêkti | iba-iba ucape liya nêgara ||

24. katuju madêg narendra | amangku rat nusa Jawi | bapakne dhewe binêdhah | pratôndha lamun anyupris | yèn tan kula lampahi | panggubêle sêdayèku | dados kula tan wêlas | dhumatêng tiyang Mêntawis | inggih ingkang sami atampi siyasat ||

25. kalêbêt nampik nugraha | tan arsa tulung kaswasih | jêr sagung tiyang Mêntaram | kang sami nandhang prihatin | wajib dhatêng ing mami | gènipun anyuwun tulung | yèn kula tan tulunga | kadukan dhatêng Hyang Widi | mila sangêt ribêding manah kawula ||

26. milanipun kula eyang | mênggah ing panggalih mami | eyang kula damêl wrana | ambêdhah nêgri Mêntawis | pundi eyang rêmêni | ngumpulakên baris agung | mênggahing bôndha beya | tuwin dêdamêling jurit | inggih kula ingkang maringi sêdaya ||

--- 3 : 98 ---

27. umatur Pangran Kajoran | mênggah prakawis puniki | kang dados karsa sampeyan | kula mopo anglampahi | sabab kula sêmangkin | inggih anggèr sampun sêpuh | kaping kalih kawula | ajrih dhatêng sri bupati | kaping tiga karsa sampeyan punika ||

28. ing karsa datan prayoga | kenging lamun dèn wastani | ing karsa anggege môngsa | ing panggalih kula gusti | sae sarèh rumiyin | mila makatên pukulun | yèn ramanta wus seda | pêsthi sampeyan gêntosi | umadêga narendra nêgri Mêntaram ||

29. anggèr mênggah dalilira | Kuran timbalane Widi | rumiyin watingulaha | watingu rasul ping kalih | watingu ulul amri- | mingkum kaping tiganipun | watinguli kang kaping patLebih satu suku kata: watinguli kaping pat | têgêse lafal puniki | hèh wong dunya padha bêktia mring Allah ||

30. kapindho padha bêktia | marang sagung para nabi | ping têlu padha bêktia | kabèh mring ratunirèki | ping pat bêktia sami | wong tuwa èstri myang jalu | anggèr sri naranata | inggih ramanta sayêkti | sampun mawi anggalih lêgining gula ||

22. Dhandhanggula

1. jêng ramanta inggih sri bupati | pan paduka anggèr kuwajiban | nut miturut sakarsane | ingkang rumiyin ratu | pan sudarma kang kaping kalih | lamun ta tan anuta | karêngon Hyang Agung | jêng pangeran lon aturnya | kasinggihan eyang dhawuhnya mring mami | lamun ratu punika ||

2. anêtêpi ingkang [ing...]

--- 3 : 99 ---

[...kang] khukum adil | eyang lamun ratu nganiaya | paran gène dhèrèkake | sakarsa-karsanipun | apan wênang dipun sabili | dene ta tiyang sêpah | kêlamun puniku | alêrês pratikêlira | tuladhane ing nguni Jêng Nabi Brahim | inggih purun mring bapa ||

3. têbih-têbih kala Majapait | lawan Dêmak gih kados punapa | putra angrêbat kêraton | wit rêbat adil khukum | atêtulung mring tiyang alit | gih botên abêbakal | wontên kang kula nut | umatur Pangran Kajoran | inggih anggèr yèn tuhu kêncêng ing galih | mênggah karsa sampeyan ||

4. anggèr kula angaturi wakil | kula darbe atma mantu nama | Radèn Trunajaya mangke | Dêmang Mêlaya sunu | Adipati Sampang ing nguni | inggih kang sampun pêjah | wontên ngalun-alun | punikanggèr wawrat kula | kados-kados inggih sagêd anglampahi | saking karsa sampeyan ||

5. lawan sagêd angadêgna baris | nèng Madura mangke Trunajaya | mring kula andhèrèkake | wontên jawi puniku | dupi myarsa Pangran Dipati | kêlangkung sukèng driya | ya ta alon matur | inggih eyang timbalana | Trunajaya marêka ing kula ngriki | lajêng wau ngandikan ||

6. Trunajaya sapraptaning ngarsi | apranata lajêng atur sêmbah | mabukuh pasilanane | mukanira tumungkul | anglir pendah konjêm ing siti | Pangran Dipati miyat | mring Trunajayèku [Tru...]

--- 3 : 100 ---

[...najayèku] | kêlangkung rêsêp ing driya | sasolahnya Trunajaya amantêsi | dadi manggalèng yuda ||

7. Pangran Kajoran ngandika aris | dhatêng putra Radèn Trunajaya | kulup ya mulane kowe | ditimbali gustimu | sira thole sinungan kardi | bêdhah praja Mêntaram | yèn luput lakumu | sira tumêka ing pêjah | lah ta priye kowe apa anyaguhi | sira kinarya wayang ||

8. mring gustimu Pangeran Dipati | Trunajaya alon aturira | sandika kula andhèrèk | nadyan tumêkèng lampus | sampun mênggah tumêkèng sakit | ajur awor pratala | anglampahi ulun | ayahan wayah paduka | gusti kula Jêng Gusti Pangran Dipati | siyang dalu kasêdya ||

9. siyang dalu tan sêdya gumingsir | duk miyarsa Pangran Adipatya | Trunajaya saguhane | kêlangkung sukèng kalbu | angandika Pangran Dipati | hèh iya Trunajaya | nêgri Sampang iku | ing samêngko tampanana | sun paringkên iya marang ing sirèki | kono sira irupa ||

10. wong Madura saurute sami | iku kabèh padha bêbêgana | seba mring Mêntaram ywa wèh | dene bupatinipun | dimèn kari ana Mêntawis | yèn sira wus ngadêgna | iya gêgamanmu | nuli sira anêlukna | mring sagunge iya ing tanah pasisir | utawa môncapraja ||

11. lamun ana tan anut sirèki | iya banjur gitikên ngayuda | nging wêkasku marang

--- 3 : 101 ---

kowe | dèn rêmpit pratingkahmu | aja sira ambukak wadi | supaya aja kontap | iya jênêng ingsun | dene yèn kalakon bêdhah | ing Mêntaram kowe tumuli dèn aglis | seba marang ngarsèngwang ||

12. yèn aku wus jumênêng narpati | bang-bang alum-alume nêgara | sun paringkên marang kowe | ngong drêma madêg ratu | amis bacin ing tanah Jawi | môngsa bodhoa sira | Trunajaya nuwun | pukulun dhatêng sandika | ya ta wau Jêng Gusti Pangran Dipati | sigra maringi arta ||

13. lan busana myang gêgaman jurit | warna-warna sakêlangkung kathah | Pangeran Kajoran age | lan Trunajaya mundur | sampun lèngsèr saking ing ngarsi | lajêng ing lampahira | mring Kajoran mantuk | sapraptanira Kajoran | lajêng dènnya atata gêgaman jurit | ya ta Pangran Kajoran ||

14. angandika mring Trunajaya ris | kulup wêkasku marang ing sira | aja ta sumêlang manèh | nêgara ing Mêntarum | pêsthi bêdhah puniku kaki | dene uwong Madura | kowe bêcik iku | nuli mêpaka gêgaman | iya ana ing Surabaya tumuli | dene ta yèn wis benjang ||

15. ya dahuru nêgara Mêntawis | aku nuli nusul marang sira | Radèn Trunajaya ture | tumulya mangkat gupuh | lan sagarwa putranya sami | brayatipun sêdaya | Sampang praptanipun | kathah mêthuk wadya Sampang | sami suka sêdaya wadya gung alit | gustine lama

--- 3 : 102 ---

prapta ||

16. dene tiyang saurute sami | pulo Madura suyud sêdaya | tan suwala sakarsane | Dyan Trunajaya sampun | pacak baris agêng nglangkungi | gêgamaning ayuda | kunêng kang winuwus | wontên tiyang pêlajêngan | saking nêgri Mêkasar kathahirèki | kalih èwu sêdaya ||

17. pangagênge mangke kang winarni | kang sawiji wasta Kraèng Naba | sawiji Raja Galèngsong | sosoran Busung Mêrnung | Panji Roban Dhaèng Makincing | lawan Dhaèng Mangrewah | Dhaèng Latu-latu | dhatêngipun tanah Jawa | Pêjarakan ingkang jinujug rumiyin | lajêng sami angrayah ||

18. solahira langkung gêgilani | Pêjarakan lan kiwa têngênnya | têlas rinayahan kabèh | dhusun kang urut laut | kathah gêmpur dipun bajagi | tiyang ing Pêjarakan | utawine Dêmung | gègèrira apuyêngan | sami ngili saparan-paranirèki | kitha Dêmung ngêbrokan ||

19. tiyang Dêmung tan ana kang wani | wit bupatine anèng Mêntaram | mung kantun kamituwane | kamituwa ing Dêmung | kamituwa Jarakan aglis | nusul dhatêng Mêntaram | lampahira rawuh | umatur bupatinira | ya ta warta lajêng kunjuk sri bupati | sang nata gya parentah ||

20. hèh Tumênggung Darmayuda aglis | amuliha marang Pasuruan | gitikên Mêkasar kae | kang baris anèng Dêmung | lan bupati môncanêgari | kang dadi tindhih yuda | môncanêgarèku | iya Si

--- 3 : 103 ---

Panji Karsula | asandika nêmbah lèngsèr saking ngarsi | siyaga lajêng budhal ||

21. sri narendra angandika malih | dhatêng lurahira sarahita | Bèi Wôngsadipa rane | Wôngsadipa sirèku | sun paringi nêgara mangkin | iya nêgri Jêpara | sun wèhkên sirèku | Si Jagapati sutanta | lan Si Jagamênggala Si Wiragati | Tanumênggala padha ||

22. ya gawanên mring Jêpara aglis | lan Si Mangunnêgara mèlua | jaganên Jêpara kono | sarta kagungan ingsun | têlu iku gawanên sami | guluguntur dahana | kumbarawi katlu | sèrèdên gawenên jaga | nèng Jêpara poma dèn angati-ati | gonira padha jaga ||

23. nêmbah sandika lèngsèr ngarsa ji | lajêng mangkat tan winarnèng marga | anèng Jêpara praptane | mriyêm rinakit sampun | kunêng gênti ingkang winarni | Radèn Panji Karsula | barise wus kumpul | bupati môncanêgara | lajêng budhal lampahira sampun prapti | wontên ing kutha Japan ||

24. anèng ngriku tata-tata baris | sabab Rahadèn Panji Karsula | tiyang Japan ing asale | ngawula nèng Mêntarum | pan ing mangke Japan nêgari | amaringkên sang nata | marma gêng tyasipun | wusira amêpak bala | anèng Japan kumpul lan para bupati | anèng ing dalêmira ||

25. Panji Karsula alon dènnya ngling | Ki Tumênggung Darmayuda dadya | ing ayuda pênjawate | kanan pangirid laku | pra tumênggung amônca nênggih [nêng...]

--- 3 : 104 ---

[...gih] | sêpalih kairida | Ki Ônggayudèku | dadosa pênjawat kiwa | akanthia môncanêgari sêpalih | kula kang dados dhadha ||

26. inggih kanthi tiyang ing Mêntawis | Ônggajaya miwah Darmayuda | sakarsa sami andhèrèk | wus riyêg ingkang rêmbug | enjing budhal sagunging baris | glise carita prapta | tapêl watês Dêmung | nulya tata pagubahan | yèn sinawang saking doh lir pendah ardi | robe toya samodra ||

27. Raja Glèngsong wus ngaturan uning | lajêng sami rêmbag sakancanya | wontên salêbêting bètèng | Raja Galèngsong muwus | rêmbag mênggah mungsuh kang prapti | payo pinapag ing prang | jangji parêng lampus | Kraèng Naba aturira | langkung gampil yèn tiyang sumêja mati | yèn mênggah wong ayuda ||

28. mênangipun inggih kang pinurih | têmpuhipun ing ayuda kakang | gênti kêris botên angèl | Raja Galèngsong muwus | paran rayi rêmbugirèki | benjang têmpuhing aprang | sampun mawi kiwul | prang sakêdhap nuntên bubar | ngungsi wana bètènge tinilar sêpi | supados tyang Mêntaram ||

29. lumêbêta sajêroning biting | dalu yèn wus kumpul wong Mêntaram | dawêg binalenan manèh | inggih sami dèn amuk | ngriku sêdhêng ngantêpi jurit | ubaya sarêng pêjah | sami nêdya lampus | yèn kakang pêrang raina | tan kuwawi sabab karoban ing tandhing | niki tiyang Mêkasar ||

30. pama kalèn anêmpuh bênawi | bêngawane [bêngawa...]

--- 3 : 105 ---

[...ne] inggih nuju bêna | paran waluya margane | yèn ta angamuk dalu | têmtu kuwur tiyang Mêntawis | Raja Galèngsong myarsa | tuwin Busung Mêrnung | Panji Roban lan Mangrewah | Dhaèng Gêni kêlawan Dhaèng Makincing | matur jingga nonoman ||

23. Durma

1. lah punika saklangkung saking prayoga | rêmbugipun si adhi | inggih Kraèng Naba | Galèngsong angandika | iya manira ngrêmbugi | payo dèn inggal | iya padha rinakit ||

2. sakabèhe yayi wadya ing Mêkasar | aja kasusu adhi | dalu tata-tata | sagunge wong Mêkasar | gêlare sampun rinakit | kawarna enjang | barise amiranti ||

3. anèng jawi biting wadyanya mêlatar | wong Mêntaram winarni | Dyan Panji Karsula | bêndhenira tinêmbang | têngara mangsah ing jurit | Ki Darmayuda | Ônggajaya nimbangi ||

4. atêngara bêndhene nulya angangkang | sumahab wadyanèki | mangsah ing ayuda | prajurit sarêng mara | anglir pendah kali banjir | angsahing yuda | sagunge kang prajurit ||

5. bêdhil muni kumarutug swaranira | surak mawanti-wanti | lir pendah prahara | wadya Mêkasar bubar | lumayu ngungsi wanadri | saparan-paran | sarêng wontên wanadri ||

6. sami kumpul gatya wadya ing Mêntaram | Panji Karsula nuli | lawan Darmayuda | utawi Ônggajaya | tanapi para bupati | sami mariksa | malêbêt ing jro biting ||

7. tuhu sêpi tan ana uwong satunggal [satung...]

--- 3 : 106 ---

[...gal] | Darmayuda lon angling | mring Panji Karsula | prayogi masanggrahan | wontên salêbêting biting | Panji Karsula | alon dènnya nauri ||

8. kakang Darmayuda kula botên rêmbag | sae mondhok ing jawi | sabab tiyang kathah | amrih papan kang jêmbar | ya ta lajêng sami mêrgil | nèng ara-ara | sagung wadya Mêntawis ||

9. tuwin sagung môncanêgara sêdaya | wus surup sang hyang rawi | ingkang wadyabala | Mêntaram môncapraja | sêmbrana solahirèki | angeca-eca | sèlèh gêgaman jurit ||

10. ana turu kang sawênèh ura-ura | ana kang lagi dhidhis | ana kang carita | gamêlan cangkêmira | dene wadya kang madati | amasang damar | bêdudan kang tininggil ||

11. ana ngliwêt sawênèh duk olah-olah | sagung gêgamannèki | sinèlèhkên samya | tan ana kang prayitna | têngah dalu ingkang wanci | Dhaèng Mangrewah | lawan Dhaèng Makincing ||

12. Busung Mêrnung ngirid wadya ing Mêkasar | kawan atus kèhnèki | lajêng anêrajang | prasami ngamuk sura | swarane pating barêkik | mêdhang anumbak | nyuligi anyêmpuling ||

13. kagegeran wadyabala ing Mêntaram | miwah môncanêgari | tan bisa kiwula | kèh runjang padha rowang | turôngga ucul nêndhangi | tambuh solahnya | lumayu ingkang urip ||

14. bubar larut wadyabala ing Mêntaram | miwah môncanêgari | pan saparan-paran | parane [para...]

--- 3 : 107 ---

[....ne] tan karuwan | Panji Karsula anggêndring | dènnya lumajar | tanpa rewang pribadi ||

15. pan anjujug wontên ing nêgari Japan | nèng ngriku lajêng sakit | gih Panji Karsula | lajêng nêmahi pêjah | wontên wong tuwa sawiji | aduwe lara | mêngi kuru madati ||

16. pan lumayu ambruk ngisor kêndhayakan | ngaringkêl mêmpis-mêmpis | mulung sambatira | dhuh gustiku bêndara | sampyan sung klèlèt mring mami | kula piyambak | inggih ingkang nadhahi ||

17. mêngsah dalêm gusti tiyang ing Mêkasar | yèn sampun nguntal mami | ya ta nuli ana | cèlèng binuru macan | nêmbêlas kathahirèki | sami nêrajang | wong tuwa amêndêlik ||

18. kawarnaa wadyabala ing Mêkasar | sarêng sampun byar wanci | enjing suka-suka | kathah ingkang jarahan | brana myang gêgaman jurit | Kêraèng Naba | lawan Dhaèng Makincing ||

19. Raja Glèngsong sakancane sami rêmbag | ngêsuk môncanêgari | nêgri kang dèn ambah | lajêng têluk kewala | tan purun anglawan jurit | tanah bang wetan | watêsipun Kêdhiri ||

20. Prabalingga ngantos prapta Bêlambangan | têluttêluk tan ana wani | mring Glèngsong Mêkasar | saya gêng barisira | misuwur ingkang pawarti | saking Mêntaram | lajêng katur sang aji ||

21. lamun Panji Karsula kasor ing yuda | pan lajêng angêmasi | wontên nêgri Japan | mangke wadya Mêkasar | saya gêng gêgamannèki | tanah bang wetan | sêdaya [sê...]

--- 3 : 108 ---

[...daya] dèn irupi ||

22. wadya môncanêgara têluk sêdaya | wau ta sri bupati | sakêlangkung duka | lajêng miyos pêndhapa | sang nata sigra nimbali | dhatêng Rahadyan | Prawiratruna aglis ||

23. praptèng ngarsa sang nata asru ngandika | Prawiratarunèki | sira angluruga | maguta ing ayuda | mapag wong Mêkasar adhi | kang baris ana | Dêmung gêcêkên aglis ||

24. wong Mêkasar tumpêsên sakabèhira | aja sira uripi | dene ta yèn iya | iku nungkul arisan | tundhungên nuli kon mulih | marang Mêkasar | aja nèng tanah Jawi ||

25. ingsun ora anglilani wong Mêkasar | ana ing tanah Jawi | yèn puniku iya | nora gêlêm muliha | tumpêsên aja na kari | sira adua | kabèh uwong pasisir ||

26. wong Wêlônda ingkang ana ing Jêpara | iku ajakên jurit | mungsuh wong Mêkasar | yèn Wêlônda tan arsa | tundhungên sun tan nglilani | anèng Jêpara | yèn lunga nora apti ||

27. wong Wêlônda ingkang ana ing Jêpara | tumpêsên kabèh adhi | Lônda patènana | aja kari sajuga | Wêlônda ing tanah Jawi | tanpa gawea | Lônda nèng tanah Jawi ||

28. dèn prayitna lawan uwong ing Madura | padha priksanên adhi | apa sababira | dene ta nora seba | tan ngaturkên bulubêkti | marang Mêntaram | paran kang dadi waril ||

29. yèn tan ana warile uwong Madura |

--- 3 : 109 ---

iridên kabèh adhi | marang Dêmung yuda | yèn ana sababira | banjur gitikên ing jurit | nêgri Madura | sira gitika dhingin ||

30. yèn tan sira sirnakake Si Madura | ing aprang angribêdi | lan Si Cakraningrat | ajakên ing ayuda | gitik wong Mêkasar adhi | sira gawaa | prajurit kang mong brangti ||

24. Asmaradana

1. wadyabala ing Mêntawis | sapratêlon pan karia | atunggu nêgara kene | iku adhi kang rong duman | iya sira gawaa | sira ngong paringi sangu | beya ragading ayuda ||

2. rongèwu ya ringgit putih | sira sun paringi wênang | ing sajêroning palugon | angganjara niasata | mring sagung wadyaningwang | ingkang mèlu aprang pupuh | ingkang bêcik lawan ala ||

3. dèn waspada ing ajurit | ya marang wadya Mêntaram | tuwin wong pasisir kabèh | apan iku wong Mêkasar | ana ing tanah wetan | polahe agawe rusuh | anggêpe sawênang-wênang ||

4. kabèh wong môncanêgari | sabiyantu têluk marang | iya wong Mêkasar kabèh | tan ana ingkang wania | anglawan ing ayuda | lawan paring kanthi ingsun | amèlua marang sira ||

5. hèh adhi Si Wirabumi | iku mèlua ing sira | dadia kanthimu mangke | adhi Prawirataruna | lawan Si Pulangjiwa | mèlua marang ing Dêmung | kêlawan Si Wirawôngsa ||

6. lan Si Panji Wirabumi | tuwin Si Wiramênggala [Wi...]

--- 3 : 110 ---

[...ramênggala] | poma lah tumpêsên kabèh | wong Mêkasar ingkang prapta | kêlawan wong Madura | dèn atiti pamriksamu | ing sababe nora seba ||

7. Prawiratruna tur bêkti | sandika sang nata jêngkar | lajêng malêbèng kêdhaton | kang sami seba sêdaya | bubaran sowang-sowang | tan winarna solahipun | wadya pasisir sêdaya ||

8. sampun sêmadosan panggih | kumpul nèng nêgri Jêpara | lajêng bibar mantuk kabèh | sami adandan sênjata | miwah ingkang baita | mangkana ingkang winuwus | Rahadèn Prawiratruna ||

9. sampun pêpak ingkang baris | wadyabala ing Mêntaram | lir grah kapitu swarane | gêgaman abra mêlatar | kadya samodra bêna | awarna-warna dinulu | lir pendah prawata sêkar ||

10. sampun siyaga ngajurit | wadya ing Prawiratrunan | apadene piyandêle | ing ayuda wus siyaga | miwah para sêntana | rahadèn ingkang winuwus | sampun angrasuk busana ||

11. lagya pamit dhatêng rabi | utawi kang para putra | rahadèn alon dêlinge | lah padha sira karia | anadene wak ingwang | ing besuk ngong nora mantuk | yayi sun titip putranta ||

12. momonga kang kari-kari | dèn abisa ingsun tilar | yèn agalap gampil ingong | yayi marang jênêng para | apura ingapura | ewuh aya wong anglurug | mênawa tumêkèng pêjah ||

--- 3 : 111 ---

13. wus kêrasa ati mami | laku ngong kapara tiwas | marma ngong wêkas mangkono | ingsun yayi pinitayan | marang sri naranata | ngundurkên mungsuh ing Dêmung | yèn nora jontasi karya ||

14. aku nora sae mulih | lah uwis padha karia | dèn bisa sapungkur ingong | pra garwa sami karuna | ya ta datan kawarna | solah dènnya amisah nung | rahadèn sampun bubaran ||

15. tinêmbang kang bêndhe muni | budhal kang wadya pangarsa | gumêr gumuruh swarane | rahadèn nitih tuwônggaturôngga | ginrêbêg pra sêntana | gêgaman abra dinulu | tinon lir girindra kobar ||

16. waos benang lawan jinggring | kang cêmêng kumbala badhak | waos sulam lambung ngampèl | kang dadi cucuking lampah | ingkang sênjata lanang | kadya gêlap gêbyaripun | lir gêrah swaraning janma ||

17. awor pangriking turanggi | barung kriciking warastra | anglir pendah samodra rob | lêlayu miwah bandera | katiyup ing maruta | tan kawarna lampahipun | sampun prapta ing Jêpara ||

18. arêrêp sagunging baris | Rahadèn Prawiratruna | sêmana pan sampun mondhok | anèng salêbêting kitha | andhèr wadya Mêntaram | kêlangkung dènnya sêsugun | Ki Ngabèi Wôngsadipa ||

19. pêpakan sagung bupati | sêmayan anèng Jêpara | wadya pasisir kang kilèn | pan sampun pêpak sêdaya | kumpul anèng Jêpara | Kêndhal miwah Kaliwungu | Batang tuwin Pêkalongan ||

--- 3 : 112 ---

20. Barêbês Carêbon Têgil | Wiradesa ing Pamalang | Dêmak Sêmarang padene | ing Kudus Pathi Juwana | Rêmbang lan Pajang Tuban | Nglasêm wus pêpak sêdarum | anèng nêgara Jêpara ||

21. sagunge para bupati | kumpul sami pirêmbugan | baita sampun sumaos | jêjêl pênuh ing muara | kang wadya warna-warna | Ki Wôngsadipa sêsugun | dhumatêng wadya Mêntaram ||

22. ya ta angandika aris | Rahadèn Prawiratruna | lah kadipundi rêmbuge | inggih kakang Wôngsadipa | prakawising Wêlônda | sawarnine ingkang tugur | wontên nêgari Jêpara ||

23. pangandikane sang aji | sêdaya kinèn ambêkta | Kumpêni ing sawarnine | dhatêng Dêmung mangun yuda | dawêg dika tarosa | kêlamun ta botên purun | pangandikane sang nata ||

24. kinèn anundhung dèn aglis | kesaha saking Jêpara | ginalih tambuh gawene | mindhak angribêdi manah | mênawi tan prayoga | Kumpêni ing niyatipun | kakang nêdha linêkasan ||

25. Wôngsadipa matur aris | mring Radèn Prawiratruna | inggih kawula tarose | anggèr Kumpêni punika | kadipundi kang sêdya | ya ta tinimbalan sampun | ingkang wontên ing muara ||

26. mung tiga pangagêngnèki | pangarsane pra Wêlônda | Kaptin Dulkup pêparabe | lan Sareyan Drop kang nama | kopralipun satunggal | kapat juru tulisipun |

--- 3 : 113 ---

tan kawarna sampun prapta ||

27. ing ngarsane pra dipati | pasisir miwah Mêntaram | prasami pêpakan kabèh | Ki Ngabèi Wôngsadipa | aris dènira mujar | timbalane sang aprabu | kapitan marang ing sira ||

28. mungsuh Mêkasar kang prapti | tinêmpuhakên ing sira | pangandikane sang katong | sirèku kinèn dhèrèka | iya marang rahadyan | anglurug marang ing Dêmung | amapaga wong Mêkasar ||

29. yèn sira datan nanggupi | parentahe sri narendra | pangandikane sang katong | sira kinèn anundhunga | iya saking Jêpara | aja angrubêdi laku | kaya priye aturira ||

30. kapitan aris nauri | inggih sangêt kasinggihan | pangandikanya sang katong | kawula wontên Jêpara | sumêdya saos karya | ayahanipun sang prabu | tinandhing yuda kênaka ||

25. Pangkur

1. lawan mêngsah ingkang awrat | pikantuka ingkang sumêngka tandhing | inggih kang asurèng kewuh | siyang dalu kasêdya | anglampahi ayahan jêng sang aprabu | ajura satêngah ngrana | sêdaya wadya Kumpêni ||

2. sênadyan malih wêwaha | pitung mantên mêngsahnya sri bupati | lir tiyang Mêkasar wau | dèrèng ulap kawula | pun Galèngsong dadosa buta nêm èwu | sênadyan buta salêksa | ingkang abdi dèrèng miris ||

3. benjing têmpuhing ayuda | tyang Wêlandi yèn mundura sanyari | rinampoga sangking pungkur | lamun gusti marêngna | wadya Jawa sampun mawi tumut-tumut [tumut-tu...]

--- 3 : 114 ---

[...mut] | mêngsah lan tiyang Mêkasar | ngamungna abdi Kumpêni ||

4. mung gusti paringa wadya | inggih ingkang anêdahakên margi | Wôngsadipa miyarsa tur | mituhyèng karsa nata | wong Kumpêni sadhawuh narendra anut | kêlangkung sukaning manah | ing solah datan winarni ||

5. dènira mangun pirêmbag | nèng Jêpara sêdaya sampun dadi | sêdaya ingkang rinêmbug | badhe laju ing lampah | ya ta Radyan Prawiratruna mring Dêmung | miturut sagung bupatya | sakarsa radyan umiring ||

6. Rahadèn Prawiratruna | karsanira badhe budhal tumuli | alaju dhumatêng Dêmung | lampah mêdal lautan | wong pasisir amêpak baitanipun | kêbêk jêjêl ing muara | baitane wong pasisir ||

7. ingkang anèng ing muara | kang baita agêng-agêng marnèni | nênggih kawarnaa wau | sakèhe pra dipatya | ya ta sampun anitih baitanipun | sami amanjêr bandera | lir sêkar sêtaman asri ||

8. sami anêmbang têngara | gamêlannya angrangin sami muni | gong alit pating carêngkung | atri yèn piniyarsa | lan ombake sagara swarane barung | palwa kênèng angin kêras | solahnya awarni-warni ||

9. prasami ambabar layar | pra dipati palwane warni-warni | saking môndrawa malêtuk | alangên tiningalan | tan antara prapta ingkang angin laut | amasang kumudhènira | layar kêlate pinusthi ||

10. lir pêksi krêndha rêratyan | kang baita lumampah [lu...]

--- 3 : 115 ---

[...mampah] nèng jêladri | saparan-paran malêdug | sagung para dipatya | mung bandera kang dadya têngêranipun | warna-warna kang bandera | tandhane para bupati ||

11. piniyarsa kadi gêrah | kang baita kêbak anèng jêladri | saking kras marutanipun | palwa pating salêbar | saking jêmbaring samodra yèn dinulu | baita arêbut paran | katêmpuh kang angin midid ||

12. tan kawarna lampahira | pulo Môndhalika sampun kawuri | angsal angin lampahipun | palwa lir kuda ngêrap | katingalan Surabaya ujungipun | saking rikating baita | ing muara sampun ngranjing ||

13. para bupati sêdaya | wus pêpakan anèng ing Surawèsthi | ing muara palwa cukup | jêjêl ing palabuhan | apan kathah baita ingkang wus labuh | lajêng mêntas ing dharatan | prajurit prasami mêrgil ||

14. Rahadèn Prawiratruna | pondhokira kinêpung wong pasisir | ngrasa têtêp manahipun | langkung sêsugunira | marang Radèn Prawiratruna sumuyud | tiyang pasisir sêdaya | dandan anèng Surawèsthi ||

15. Rahadèn Prawiratruna | tansah dadar malèlèr marang dasih | dana boga busana gung | miwah para sêntana | pan kinulawisudha sêdayanipun | ngajap têmpuhing ayuda | sagunge kang dasih-dasih ||

16. saking sami dènnya kêdah | arsa malês dhatêng sihirèng gusti | pêcahe kêkulitipun | rêmuke balungira | lan wutahe ludira madyaning pupuh | saking

--- 3 : 116 ---

gunge dananira | gustine marang ing dasih ||

17. rêmuke balung walêsnya | lan wêtune satètès ingkang gêtih | ing kono ngong ngrasa naur | asihe gustiningwang | kang tumiba iya marang awak ingsun | lamun nora mangkonoa | durung malês sihing gusti ||

18. para bupati pêpakan | nèng pondhokan Prawiratruna tuwin | pangagêng wus sami kumpul | Prawiratruna lingnya | kadipundi ing karsa sami ngong tantun | aprakawis ing Madura | punika ta sampun lami ||

19. botên sowan mring Mêntaram | mèh sawarsa tan atur bulubêkti | manira niki ingutus | wus prapta Surabaya | wong Madura sawiji tan wontên muncul | pangandikane sang nata | kinèn mariksa kariyin ||

20. mangke nêdha ingutusan | karuhane yèn ala lawan bêcik | para bupati umatur | kula miyarsa warta | Trunajaya kang bêbêg sêdayanipun | milanya tiyang Madura | tan sowan dhatêng Mêntawis ||

21. prayogine ingutusan | kantênane sampun ngribêdi pikir | ya ta rahadèn angutus | marang pitayanira | apan sarwi binêktanan suratipun | dhumatêng Ki Trunajaya | ing Sampang ingkang nunggoni ||

22. caraka sampun lumampah | ênêngêna kang anèng Surawèsthi | kocapa mangke winuwus | Rahadèn Trunajaya | pan anuju lagya prapta saking Dêmung | arêmbag saeka praya | lan Raja Glèngsong prajangji [pra...]

--- 3 : 117 ---

[...jangji] ||

23. milane Ki Trunajaya | tan anunggal ngadhêpi kang nêgari | mênawi tiyang Mêntarum | mangrurah ing Madura | lan maninge mênawa kèngsêr ing Dêmung | sêdyane Ki Trunajaya | arsa nglambung saking wuri ||

24. kawarnaa kang caraka | sampun prapta Madura kintun wêling | sêmana pan sampun katur | mring Radèn Trunajaya | lamun jawi wontên caraka kang rawuh | saking Dyan Prawiratruna | anulya dipun timbali ||

25. nanging ta Ki Trunajaya | pasang gêlar pan api-api sakit | kang duta wus praptèng ngayun | panggih lan Trunajaya | ponang duta gya ngaturkên suratipun | tinampan sigra binuka | winaca bukaning tulis ||

26. iki layange Rahadyan | Prawiratruna ing nêgri Mêntawis | maringakên salam ingsun | mring sira Trunajaya | wayah ingsun wiyose nuwalaningsun | timbalane sri narendra | marang pêkênira kaki ||

27. kinèn dangu marmanira | wong Madura tan seba mring Mêntawis | kang wus katur sang aprabu | kêlamun pêkênira | kang amênging sumiwi marang Mêntarum | apa nyata mangkonoa | mungguh ujaring pawarti ||

28. lan maninge wong Madura | kinèn ngêrig timbalan sri bupati | anglurug marang ing Dêmung | anggêcêg wong Mêkasar | titi tamat kang surat suraosipun | angling Radèn Trunajaya | marang caraka rum manis ||

29. hèh duta sira matura | marang eyang nora sêdya angimpi | kêlamun ta awak ingsun [ing...]

--- 3 : 118 ---

[...sun] | ngukuhi wong Madura | amênginga sumiwi marang Mêntarum | saking edane wong Sampang | tan kêna dèn parentahi ||

30. ing mangke wontên parentah | angêriga uwong Madura iki | anglurug marang ing Dêmung | ingsun têka sumôngga | sampun siyang sênadyan ing têngah dalu | manira dhatêng sumôngga | kang abdi tan mundur kardi ||

26. Durma

1. nanging mangke awak manira pribadya | nora bisa lumaris | sabab lagi lara | amung abdi sêdaya | manira kone lumaris | andhinginana | mêngko sapungkurnèki ||

2. wong Madura padha ingsun kon nusula | marang ing Surawèsthi | ya ta sinambrama | caraka pinaringan | busana ingkang pisalin | nulya sêksana | caraka tinundhung glis ||

3. duta amit lèngsèr nêmbah praptèng jaba | ya ta laju nulya glis | tan kawarnèng marga | wus praptèng Surabaya | lajêng umarêk nulya glis | marang ing ngarsa | lajêng nêmbah wotsari ||

4. Radèn Wirataruna ingkang utusan | matur saha wotsari | wus katur sêdaya | ya ta wau rahadyan | mring Trunajaya wus uning | yèn Trunajaya | basane nyôngga krami ||

5. nanging maksih dipun ecani kewala | sok kalaha ing jurit | benjing wong Mêkasar | Sampang uwong Madura | apan kêpanggih ing wuri | rahadèn nulya | sampun rêmbugan sami ||

6. arsa budhal marang ing Dêmung anglanggar | parentah pra bupati | numpak marang palwa | pasisir kadi

--- 3 : 119 ---

gêrah | swarane kang wadya alit | ingkang baita | apan ta warni-warni ||

7. apadene Kumpêni baitanira | umung gumruh jêladri | têngara tinêmbang | sarêng ambabar layar | kang palwa anèng jêladri | tungguling aprang | têngêran pra bupati ||

8. kadi pêksi krêndha kumpul arêratyan | katiyup dening angin | sami ting salêbar | nèng laut rêbut papan | dene palwaning Kumpêni | baita kapal | layar nèng wuri têbih ||

9. tan winarna nèng marga sêmana prapta | Pênarukan aminggir | wong pasisir samya | sampun sami prayitna | baitanya sami minggir | ingkang kocapa | kang anèng Dêmung mangkin ||

10. Raja Glèngsong akalihan Kraèng Naba | sampun miyarsa warti | yèn tiyang Mêntaram | pasisir kulon prapta | kêrigan wadya pasisir | ya ta sêmana | Glèngsong kumpulan sami ||

11. Busung Mêrnung Panji Roban anèng ngarsa | miwah Dhaèng Makincing | lan Dhaèng Mangrewah | prasami pirêmbagan | Dhaèng Mangrewah sru angling | lah kadiparan | rêmbagipun ing mangkin ||

12. Busung Mêrnung ya ta wau aturira | benjing têmpuhing jurit | tigan satarangan | ubaya sarêng pêjah | angamuk wadya Mêntawis | pangagêngira | sami pinêndêng jurit ||

13. sanak-sanak padha sira adandana | sun arsa mangsah jurit | mapag wong Mêntaram | karsa manira iya | sun papag anèng pasisir | mêpêka palwa | sampan [sa...]

--- 3 : 120 ---

[...mpan] lanangan tuwin ||

14. pilihana pêrau ingkang santosa | mênawa prang jêladri | padha sadhiya ta | sagunge wadyaningwang | prau ingkang cilik-cilik | ya cancangana | marma ngong go palwa lit ||

15. iku kêbat aluwês ana sêgara | mêpaka busur lêmbing | yèn aprang lautan | padha siwonên ing prang | ingsun dhewe kang ngawaki | sakèh têlukan | wadya môncanêgari ||

16. abarisa kang adoh ana ing wuntat | yèn aprang bok ta balik | iku dèn prayitna | wantu wong seje bôngsa | Dhaèng Mangrewah wotsari | kondur sêksana | lajêng ngundhangi dasih ||

17. kang têngara tinêmbang swarane gumrah | sagung wadya prajurit | wus siyagèng yuda | ngajrihi tandangira | kurang duga kaduk wani | kaya agea | têmpuha ing ajurit ||

18. Raja Glèngsong siyaga kêprabon yuda | jimat sampun rinakit | sêdya ngantêp yuda | wus mêdal nitih kuda | wong Mêkasar aningali | gustine mêdal | solahe gêgilani ||

19. kunêng wadya Mêkasar kang ngantêp yuda | sagung wadya Mêntawis | Dyan Prawiratruna | sawadya palwanira | sêdaya wus sami minggir | miwah palwanya | pra bupati pasisir ||

20. palwa kathah nèng samodra maksih ngambang | miwah palwa Kumpêni | maksih sami ngambang | Rôngga Sêdayu prapta | lan Singawôngsa Ngabèi | wadya Mêntaram | sêdaya sampun prapti ||

21. sami

--- 3 : 121 ---

mêntas anèng gisiking samodra | wus siyaga ngajurit | dhêndhêng barisira | gêgaman warna-warna | anèng pinggiring pasisir | Ki Pulangjiwa | lan Panji Wirabumi ||

22. Wirawôngsa kêlawan Suramênggala | pra prajurit Mêntawis | sami ngangah-angah | ngajap têmpuhing yuda | amrawasèng satru sêkti | datan antara | wong Mêkasar mêtoni ||

23. sagamannya bêndhene tinêmbang ngangkang | tandange ing ajurit | kadya saradula | galak amôngsa janma | wadya Mêntaram ningali | wadya Mêkasar | mêtoni ing ajurit ||

24. sigra nêmbang têngara Prawiratruna | kumrab wadya Mêntawis | kathah wadyabala | kang sami dèrèng prapta | para bupati pasisir | kasêlak prapta | wong Mêkasar mêtoni ||

25. sigra mangsah prajurite wong Mêkasar | Galèngsong kang nindhihi | lir singa sêsuta | katêndhagan boganya | kadi buta andon daging | mara mangarsa | bangkilung onclang lêmbing ||

26. gya umangsah wadyabala ing Mêntaram | sumêdya ngantêp jurit | bêdhil bêrondongan | nêmpuh wadya Mêkasar | swarane sênjata muni | lir gunung bêntar | mimis kadya gurimis ||

27. nora mundur wong Mêntaram mangsah yuda | sêdaya bèr kuwanin | manêmpuh ing yuda | soroh amuk kewala | wong Mêntaram anadhah ing | têmpuhing aprang | kapanggih padha wani ||

28. wong Mêkasar tan kandhêg dening sênjata | angamuk karo lêmbing | sawênèh curiga | singa tinrajang [ti...]

--- 3 : 122 ---

[...nrajang] bubar | wong Mêntaram akèh mati | wadya Mêkasar | angamuk karo cundrik ||

29. wadyabala Mêntaram kathah kabranan | kang kari angêmasi | sami ting sulayah | datan môngga puliha | rusak prajurit Mêntawis | gègèring bala | lir gabah dèn intêri ||

30. pan Ki Suramênggala lan Surawôngsa | Ki Panji Wirabumi | Kyai Pulangjiwa | sarêng mangsah ngayuda | para sêntana ngawaki | kathah kang pêjah | ingamuk bêdhès putih ||

27. Sinom

1. pêtêng kukusing sêndawa | payudan lir têngah wêngi | bêdhil muni datan kêndhat | mimise kadi gurimis | nanging sangsaya ngukih | wong Mêkasar dènnya ngamuk | wadyabala Mêntaram | singa tinêrajang ngisis | kathah pêjah kathah tatu wong Mêntaram ||

2. Panji Wirabumi brana | Ki Suramênggala kanin | sami mundur kalihira | binabayang wadyanèki | rusak baris Mêntawis | Dyan Prawiratruna dulu | rusake wong Mêntaram | sigra amundhut turanggi | arsa mangsah angrasuk kêpraboning prang ||

3. busananya abra mubyar | miwah busananing wajik | sigra mangsah ing ayuda | angêmbat watang kumitir | ngunadika jro galih | sêdhêng manira wus sêpuh | matia ing ayuda | nglakoni karya nêrpati | wong Mêkasar yèn tan mundur dening ingwang ||

4. aja mênangi wak ingwang | rusake praja Mêntawis | tan bisa ingsun tumingal | angur matia ta mami | ana satêngah jurit | kudane sinabêt mamprung | Radèn Prawiratruna | sumêdya [sumê...]

--- 3 : 123 ---

[...dya] alêbu gêni | lêlurahe awasta Ki Sewajaya ||

5. Sewabôngsa Sewatruna | Sewata kaping patnèki | kalima Trunawijaya | Sêntana lan Wirakêrti | sigra mangsah ngajurit | pra sêntana ngiring pungkur | Radèn Prawiratruna | nitih kuda anèng ngarsi | lajêng campuh lawan wadya ing Mêkasar ||

6. pangamuke wong Mêkasar | kadi buta andon daging | Rahadèn Prawiratruna | arsa mundur ing ajurit | sangêt lingsêming galih | anêmah prapta ing lampus | tatua ingkang jaja | kudane dipun camêthi | angampingi sagunge para sêntana ||

7. sakathahe sanak ingwang | padha ingsun ajak mati | matur Kyai Sewajaya | sampun sampeyan don jurit | yèn kula maksih urip | mangke yèn kula wus lampus | sampeyan mangsah yuda | rahadèn sigra nauri | sun tarima prasêtyanta mring manira ||

8. nanging sun mèlu palastra | sigra mangsah ing ajurit | surakira mawurahan | wong Mêkasar anadhahi | rame têmpuhing jurit | tan ana kang sêdya mundur | kêpanggih kang ayuda | prasami sudira wani | kih-ingukih têmpuhira ing ayuda ||

9. angukih wadya Mêkasar | tandange lir banthèng kanin | tan ana kang ngeman pêjah | ambangkilung wadya Bugis | wong Mêntaram kèh mati | ingkang wuri datan mundur | Radèn Prawiratruna | agêgrêg barisirèki | sêntanane kathah kang sampun palastra ||

10. milanya ngamuk pribadya | tyasira wus ambêg pati |

--- 3 : 124 ---

mobat-mabit tandangira | Sewajaya lawan malih | Sewabôngsa mangukih | manêngah dènira ngamuk | wong Mêkasar kèh pêjah | Raja Galèngsong sru runtik | angawaki sêdaya para sêntana ||

11. Rahadèn Prawiratruna | angamuk wus nandhang kanin | para sêntana tumpêsan | anèng satêngahing jurit | Sewajaya wus kanin | radèn saya nêngah ngamuk | kang ngampingi wus têlas | Sewajaya mêndhak ngarsi | anungkêmi mring padanira rahadyan ||

12. umatur sarwi karuna | kaninira angranuhi | dhuh gusti kula bêndara | sumôngga mundur rumiyin | ngantos wadya pasisir | suwawi numpak pêrau | ngungsi dhatêng samodra | wus mawur wadya Mêntawis | wus tinurut aturipun Sewajaya ||

13. Rahadèn Prawiratruna | amundur dhatêng pasisir | wadya Mêntaram tumingal | sami mundur bubar baris | lumayu mring jêladri | sumêdya ngungsi pêrau | solahira rêbutan | kang sawênèh ana nglangi | ting karambang kang datan antuk baita ||

14. kadya gabah ingintêran | wadyabala ing Mêntawis | palwa alit kang rinêbat | nanging kêkathahên janmi | baita kèrêm warih | wongira pating kêrampul | sami gêbyur samodra | ting kêrambang sami nglangi | wong pasisir kang sami anèng baita ||

15. ningali wadya Mêntaram | kasoran dènira jurit | sêmana têtulung palwa | baitane dèn dhayungi | kathah ingkang nunggangi | gonjang-ganjing kang

--- 3 : 125 ---

pêrau | têmah kèrêm kang palwa | sampun karsaning Hyang Widi | wong Mêntaram tanpa budi tanpa akal ||

16. baita Mêkasar prapta | dhêdhayungan nèng jêladri | lir pendah baita bajag | gaman bangkolang suligi | praune wong Mêntawis | cinêgatan anèng ngayun | sagung wadya Mêntaram | manahira wêdi giris | ya ta kathah prasami gêbyur samodra ||

17. wong Mêntaram kathah pêjah | dening toya myang suligi | ana palwa kèh kang rêmak | Radèn Prawiratrunèki | maksih anèng gêgisik | wadyanira sirna larut | sêmana wus angrasa | kêlamun tumêkèng pati | tan gumingsir sumôngga karsaning Suksma ||

18. anangis sajroning nala | lah kantuna gusti mami | sri bupati ing Mêntaram | kawula amit ngêmasi | anaur sih narpati | ulun mangke sampun sêpuh | lêhêng tumêkèng pêjah | wontên samadyaning jurit | sampun pirsa rusake praja Mêntaram ||

19. Sewajaya ngrangkul pada | nungkêmi sarwi anangis | angranuhi kaninira | ing donya ngakerat gusti | tulusa kula ngabdi | nèng kerat wagêda pangguh | Radèn Prawiratruna | mangsuli wêcana aris | sun tarima Sewajaya prasêtyanta ||

20. manira ya padha-padha | sakèh galap gampil mami | muga sira apuraa | Sewajaya angêmasi | aja malang tumolih | sira dèn waskithèng dunung | Sewajaya palastra | anèng ing ngarsane gusti | radèn [ra...]

--- 3 : 126 ---

[...dèn] angling ya ingsun belani sira ||

21. wirang ingsun anèng dunya | sêntanaku padha mati | angur ta ingsun pralaya | ya ta wong Mêkasar prapti | radèn dipun kêmbuli | nandhang tatu tiba lungguh | was ngrasa lamun pêjah | karasa putrane wuri | dèrèng mukti wusana tinilar seda ||

22. mustaka arsa tinigas | wadya Kumpêni nulungi | mêntas saking palwa kapal | Ambon Têrnate marani | sênjata gumruh muni | wong Mêkasar sami mundur | tan tahan mimis tiba | lir pendah kadi gurimis | wong Mêkasar ngumpul malbèng bitingira ||

23. lajêng sami tutup lawang | manahira sami tintrim | Rahadèn Prawiratruna | wus karêbut layonnèki | binêkta palwa aglis | ya ta binandhusa sampun | ingantukkên sêksana | dhumatêng nêgri Mêntawis | sigra layar kang wadya sami sungkawa ||

24. sakarine pra sêntana | ngiring layon mring Mêntawis | ya ta gênti kawarnaa | wadyabala ing Mêntawis | kêlawan wong pasisir | nèng têngah samodra labuh | tan wani mêntas dharat | lami nèng têngah jêladri | Surajaya Suramênggala rêmbagan ||

25. Rôngga Sêdayu kêlawan | Singawôngsa Ki Ngabèi | Suramênggala lon mojar | kakang paran rêmbag niki | anèng têngah jêladri | tan wontên wêkasanipun | sae minggir kewala | kawula botên kuwawi | lir binanting-banting katêmpuh ing ombak ||

26. lan malih kathah sumêlang | inggih Kumpêni puniki |

--- 3 : 127 ---

raose manah tan eca | botên satuhu ngrencangi | tiyang ing Sampang malih | tan wande dados rêriwuk | yèn suwawi ing karsa | suwawi prasami minggir | ing Paiton angungsi mondhok nèng ngrika ||

27. kinarya lèrèh baita | sami mondhok wontên kali | wus rêmbag para bupatya | Kyai Singawôngsa angling | nanging pamanggih mami | prayogi ngambang nèng laut | wong pasisir tan rêmbag | ya ta wus layar tumuli | kang baita ing Paiton kang sinêdya ||

28. tan kawarna sampun prapta | sagunge baita ngranjing | ing lèpèn Paiton dènnya | tata-tata wong pasisir | lan wadya ing Mêntawis | baitanira akumpul | nèng kali labuhira | sami prayitna ing wèsthi | wadyabala sami mêntas mring dharatan ||

29. pinggir kali barisira | mung Singawôngsa kang maksih | angambang anèng samodra | tan tumut labuh ing kali | lawan palwa Kumpêni | maksih ngambang anèng laut | sampun karsaning Suksma | wadyabala ing Mêntawis | tanpa budi tanpa nalar tanpa akal ||

30. labuh nèng kali kang palwa | ya ta surud ponang warih | kang baita sami kandhas | sat gêrèng toyaning kali | têmah kang palwa sami | mogok-mogok ting kalênguk | tan ana bisa obah | anèng sapinggiring kali | datan bisa amilir ngupaya gula ||

28. Dhandhanggula

1. ya ta wontên wong Mêkasar nênggih | namung gangsal wêlas kathahira |

--- 3 : 128 ---

wong Mêkasar dupi anon | wong Mêntaram andulu | ana uwong Mêkasar prapti | gègèr wadya Mêntaram | kang palwa tinunu | dene wadya ing Mêkasar | apuyêngan gègère wadya Mêntawis | toya tan mili asat ||

2. karsaning Hyang wadya ing Mêntawis | sampun prapta apêsing ayuda | gaman sangu kobar kabèh | yudane tanpa kiwul | asasaran wadya pasisir | palwanya sirna gêmpang | tambuh solahipun | sumêdya kiwul ing yuda | gêgamane apan sampun sirna gusis | kobong anèng ing palwa ||

3. wong Mêntaram kathah ingkang nangis | Surawôngsa lan Wiramênggala | lumayu katut wadyane | gila dènira dulu | wong Mêkasar solahirèki | dene lir saradula | tan angeman lampus | datan wangwang mungsuh lêksan | angêrayah kang palwa lajêng binêsmi | ya ta kang kawarnaa ||

4. wadyabala kang lumayu sami | sampun têbah kèndêl pirêmbagan | dene sangêt kasrakate | wadya lit jêtung-jêtung | ting dharêlêg datanpa budi | sangune kabèh sirna | gêgamane larut | rajabrananira brastha | sami têlas anèng ing palwa kabêsmi | wadya lit kathah minggat ||

5. saking dene datan bêtah ngêlih | pan katumpa katutuh lêlara | sangsaya sêdhih manahe | sagung wadya Mêntarum | ya ta nulya rêmbagan sami | sagung mantri sêdaya | Ki Surawôngsèku | kêlawan Suramênggala | Surawôngsa sêmana alon dènnya ngling |

--- 3 : 129 ---

paran rêmbag punika ||

6. kathah sami minggat kang wadya lit | inggih ta sintên ingkang bêtahKurang satu suku kata: inggih ta sintên ingkang abêtah | tan mangan kados mangkene | nuntên iki katutuh | ing lêlara sangêt nglangkungi | sangêt pêtêng tyas kula | lah suwawi mundur | rumiyin mring Surabaya | wontên ngriku sami angupaya pikir | inggih ingkang prayoga ||

7. benjing lamun anèng Surawèsthi | sampun aso nuntên wangsul samya | dhumatêng Jêpara age | yèn anèng ngudi sampun | inggih sami ngumpulkên pikir | amêpak wadyabala | astraning prang pupuh | mênawi sampun samêkta | gih suwawi ing Dêmung linanggar malih | wadyabala Mêkasar ||

8. pra bupati rêmbag nyuwawèni | wong pasisir lawan wong Mêntaram | sêksana bubaran age | kunêng mangke winuwus | kawarnaa sri narapati | kêlangkung dukanira | ing sapraptanipun | layone sira Rahadyan | Wiratruna kapupu madyaning jurit | mantuke binandhusa ||

9. sêkathahe ingkang para rabi | sami sangêt alara karuna | miwah para putra kabèh | kapang-kapang lumayu | solahira kawêlasasih | para garwa sêdaya | prasami amêthuk | bandhusane ingkang raka | kadya guntur swaranira ingkang tangis | wong ing Prawiratrunan ||

10. ingkang sami darbe laki mati | warna-warna ing sêsambatira | ana kang nangis kêkèjèk | ana gumulung lêbu | wênèh tangisira ngêrintih | kadi wong ura-ura | mawi dhong dhing dhing dhung | pan ana pangantèn [panga...]

--- 3 : 130 ---

[...ntèn] anyar | duk pasihan angiwa dènira nangis | mingsêk-mingsêk kewala ||

11. mingsêkira sarwi dèn jiwiti | jêr ta kowe datan duwe bêgja | durung warêg gonmu ngombe | sêlak tininggal lampus | sapa manèh ingkang ngombèni | sawênèh ana ngucap | sokur lae sokur | wong lanang mèlu prang modar | suprandene maksih ênom awak mami | dadi rôndha nonoman ||

12. durung rusak iya durung rêmpid | môngsa silih kuranga jêjaka | kang padha bagus bêlancèr | iya nêgri Mêntarum | Mêntarume ingkang ngluwihi | ngluwihi gêng santosa | santosa abakuh | bakuhe môngsa bobora | jêr awakku ayu anom lênjang kuning | kuningku durung owah ||

13. kang sawênèh wontên èstri nangis | lara-lara sambate karuna | mung kinarya lamis bae | kewala lagi ngrungu | yèn lakine kawarta mati | midêr dènnya ngupaya | ilèn-ilènipun | sokur Si Kêrti modara | bosên têmên sun laki olèh Si Kêrti | kurang mantêp ing prana ||

14. tobat têmên raganingsun iki | laki lawan ya Si Kêrti ika | madati slawas-lawase | kêrêng karyane suwung | yèn akarêp têka gilani | polahe kaya bajag | têka grita-gritu | linadèn banjur aniba | anêlèlèh nora bisa bêdhah biting | tobat angur bedhanga ||

15. kawarnaa wau sri bupati | enjing miyos siniwi ing wadya | kêlangkung sangêt dukane | kêtawis [kê...]

--- 3 : 131 ---

[...tawis] ingkang pasmun | wadya anèng ing pôncaniti | Pangran Dipati seba | lawan arinipun | Jêng Pangeran Singasêkar | myang Pangeran Martasana datan kari | Pangeran Pugêr seba ||

16. sagung para sêntana tinangkil | anambungi lênggahnya pra putra | Pangeran Purubayane | sêntana pinisêpuh | Pangran Pringgalaya jajari | sagung para niyaka | sumiwi sêdarum | wau Tumênggung Mêntaram | lawan Radèn Wiratmêja jajarnèki | Wiramênggala seba ||

17. lawan Tumênggung Wiranêgari | Ki Ngabèi Wirapati seba | cukup kang sumiwi rajèng | paglaran jêjêl pênuh | dene nata angêmu runtik | sugal dènnya ngandika | wau sang aprabu | hèh kulup Pangran Dipatya | lumakua sirèku manira tuding | tumindaka pribadya ||

18. lan arimu ya Si SangasariSingasari | sira mapaga mungsuh Mêkasar | dene samêngko lakune | sakèhe kang sun utus | nora nana ingkang ngunthili | tiwase wong Mêntaram | anglurug mring Dêmung | paduka eyang Purbaya | tumindaka ngayuda sampyan sêpuhi | tumuta ing wayahta ||

19. dhimas Balitar sampeyan kanthi | lan Si Pamot sirèku mèlua | lan Rajamênggala manèh | Si Wirapatra iku | iya padha milua jurit | lawan Si Wirajaya | milua mring Dêmung | sagunge uwong Mêntaram | pratêlunên saduman karia kaki | gawanên kang rong duman ||

20. iya poma ing wêwêkas mami | ki dipati iku marang sira | Madura

--- 3 : 132 ---

priksanên age | ya ampirana iku | lah ta sira pêrêpa dhingin | iku Si Trunajaya | patènana kulup | iyèku kang gawe beka | pramulane wong Sampang samêngko balik | marga Si Trunajaya ||

21. anak ingsun Cakraningrat rèki | sira mèlua mring Ki Dipatya | bok maksih ana elinge | wong Sampang mring sirèku | ya ta sampunira winêling | Pangran Dipati sigra | nêmbah mring sang prabu | kang putra wus ingidenan | Dyan Pangeran Singasari atur bêkti | ngaras pada narendra ||

22. sri narendra gya jêngkar siniwi | kang sumiwi luwaran sêdaya | wadya ing Mêntaram kabèh | sami sadhiyèng pupuh | tan kawarna solahirèki | enjing nêmbang têngara | bêndhe munya ngungkung | otêran wadya Mêntaram | kadi gêrah swarane wadya kang baris | pra mantri pinartiga ||

23. warna-warna busanèng prajurit | yèn sinawang lir sêkar sêtaman | gêgaman kangkunglangkung asrine | abra sinang dinulu | para mantri saos ing jurit | sêdaya wus siyaga | pêpak anèng ngayun | ya ta Pangeran Dipatya | sampun ngrasuk busana dhasare pêkik | kadi Sang Hyang Asmara ||

24. garwa sêlir kêkasih tan kari | wus busana dhèrèk mangun aprang | sampêt busana rênggane | ngagêm busana kakung | kadi putri Cêmpalamanik | duk mangsah bratayuda | pangran ngandika rum | kabèh garwa ngong ing wuntat | poma aja ana kang nahên wiyadi | padha suka-sukaa ||

25. nulya budhal [budha...]

--- 3 : 133 ---

[...l] wau kang wadya lit | Dyan Pangeran Dipati anulya | anitih turôngga age | busana abra murub | pinayungan karêtas kuning | ginêrbêg wadyabala | kang dadya pangayun | Tumênggung Rajamênggala | ingkang dadya cucuking baris ing ngarsi | sawadyabalanira ||

26. langkung asri lampahirèng baris | warna-warna gêgamaning yuda | têtêngêran dhewe-dhewe | têngêran tunggul wulung | ngangge ciri rewônda putih | lungsir ijo plisirnya | lir teja dinulu | gêbyare sênjata lanang | nulya Arya Pamot lan Ki Wirapati | sumambung saha bala ||

27. wong panumping kêlawan wong bumi | ingkang dadi cucuking ayuda | anèng ing ngarsa lampahe | numbak anyar wong sèwu | wong agunge lumampah wuri | untabing wadyabala | lir rob samodra gung | sumambung Pangran Balitar | busana bra rêspati nitih turanggi | asri songsonge pêthak ||

28. payung agung ngapit kanan kering | wadyanira garêbêg ing lampah | panurung waos sulame | ingkang tabuhan umung | sumambung wong anumbak putih | tungguling wadya seta | cirine kang tunggul | winastan dirada mêta | nulya Pangran Purbaya ingkang nambungi | nitih turôngga abra ||

29. waos jajar kang sawatês jinggring | munggèng ngarsa kang sênjata lanang | ting galêbyar ting calèrèt | sangkêlat bajonipun | ingkang ngampil wadya winarni | tunggul pangiridira | ingkang munggèng ngayun | sumambung Pangeran Sampang | sawadyane [sa...]

--- 3 : 134 ---

[...wadyane] rêspati nitih turanggi | kartas wilis songsongnya ||

30. Cakraningrat awismèng Mêntawis | pan tinilar dening wadyabala | mangkana wau lampahe | Pangran Dipati wau | amêkasi anèng ing wuri | rêspati nitih jolang | prajuritnya kêpung | amêrapit kering kanan | busananya warna-warna di mulya sri | tan pêgat ingkang wadya ||

29. Mêgatruh

1. wong amamas kang jajari pitung puluh | prasami kulambi kuning | waos sulam kang sumambung | kêlambinira pan putih | sumambung jinggring kang waos ||

2. waos biru ingkang sumambung ing pungkur | kêlambi sangkêlat abrit | sami kuning udhêngipun | upacara kang nambungi | satus busanane abyor ||

3. ingkang ngampil sagung wadya prawira nung | têngêranira rêspati | para anom banderèku | akathah lamun winarni | Pangeran Dipati Anom ||

4. wadyanira sakêlangkung kathahipun | ingkang mêkasi ing wuri | wadya Pangran Singasantun | sagêgamaning ajurit | agagah wadyaning tanggon ||

5. magêrsari ngapit kanan keringipun | rêspati nitih turanggi | sêmbada jêng pangran bagus | songsong pêthak sèrèt kuning | turangganira sang anom ||

6. kêkarungan anênggih nèng ngarsanipun | sinongsongan kêrtas putih | Ki Wirajaya Tumênggung | lumaku anèng ing wuri | amêkasi ing lêlakon ||

7. kunêng gênti ing mangke ingkang winuwus |

--- 3 : 135 ---

warnanên para pawèstri | kang lakine milwa nglurug | ana pawèstri kang angling | muga modara laki ngong ||

8. lunga pêrang dirampoga marang mungsuh | dèn ajur kang rontang-ranting | wuri tutug karêp ingsun | yèn uripa angrusuhi | marang kêkarêpan ingong ||

9. yèn bedhangku têka mundhak gawe ewuh | samêngko lunga ajurit | gon ingsun bedhangan nutug | dene yèn lakiku urip | nora modar dikêracok ||

10. prapta wisma ngong mêtêng lan bedhang ingsun | sun runtuhne bae gampil | môngsa kataraa iku | nora rusak prabot mami | iya maksih wutah-wutoh ||

11. ya ta kunêng wadya gung ingkang lumaku | Trunajaya kang winarni | Sampang kalerehanipun | têrahing Madura Aji | kaponakanipun yêktos ||

12. lawan Cakraningrat Sang Dipati iku | ing Sampang ingkang mêngkoni | mangke balela ing ratu | Dêmang Mêlaya kang lalis | nèng Mêntaram dènnya layon ||

13. kang pêputra mring Trunajaya puniku | ing Sampang ingkang mêngkoni | kamantu samangkenipun | mring Pangran Kajoran balik | jumênêng ing Surèngkewoh ||

14. apan mangke sampun sêsilih jêjuluk | Trunajaya wus anami | Panêmbahan Madurèku | Panêtêg Panatagami | suyud wadya Surèngkewoh ||

15. datan ana wani malangi ing kayun | sagung wong ing Surawèsthi | sêdaya sami tumundhuk | Surabaya ing samangkin | sangêt [sa...]

--- 3 : 136 ---

[...ngêt] saking dènnya rusoh ||

16. wadya alit arisak sêdayanipun | kancikan wong Madurèki | wadya Sampang watêkipun | kurang duga kaduk wani | nora angetung pakewoh ||

17. tatakrama yudanêgarane suwung | anganggo sakarêpnèki | mangke Trunajaya sampun | anunggal sakapti-kapti | kêlawan Raja Galèngsong ||

18. wong Mêkasar ingkang mondhok anèng Dêmung | prajangji sarêng ngêmasi | ing benjing têmpuhing ripu | êndhog satarangan sami | Trunajaya lan Galèngsong ||

19. ing ayuda sarênga dènira lêbur | anèng samadyaning jurit | panêmbahan karsanipun | yun ingambil mantu nênggih | punika Raja Galèngsong ||

20. ingkang arsa jinunjung umadêg ratu | Madurêtna ingkang nami | dèn angkah-angkah puniku | samangke wuwuh rakêt sih | sêtya tuhu lair batos ||

21. wus misuwur ing mangke kang madêg ratu | anèng nêgri Surawèsthi | Trunajaya ajêjuluk | Madurêtna Surawani | sampun gumrah kang pawartos ||

22. wong pasisir bang wetan sêdaya suyud | ajrih asih lair batin | dhumatêng kang madêg ratu | sêdyanya wadya pasisir | maring Trunajaya saos ||

23. wong bang wetan sêdaya têtêp angratu | marang Madurêtna Aji | mangkana nèng Surèngkewuh | Madurêtna Sri Bupati | sineba sagunging wongKurang satu suku kata: sineba sagunging uwong ||

24. aparentah mring wadya Madura sampun | kinèn sadhiyèng ajurit | aran Panji Macanwulung | lawan Panji [Pa...]

--- 3 : 137 ---

[...nji] Banthènglangking | lumakua ingsun kongkon ||

25. anggawaa wong Madura ya rongatus | nêlukna uwong pasisir | kang durung idhêp maring sun | sagunge uwong pasisir | iya ing tanah bang kulon ||

26. yèn tan anut nuli gêpukên ing pupuh | jarahên saanak rabi | dene yèn wis gêlêm anut | kon ngumpulkên gaman jurit | lawan sira jakên gologolong ||

27. asandika Macanlangking Macanwulung | nêmbah mentar saking ngarsi | bêkta wadya kalih atus | anglurug lampahirèki | nèng Garêsik sampun rawoh ||

28. wong Garêsik sêdaya pan anut sampun | mring wong Madura sru ajrih | têmahan prasami suyud | wong Lasêm mèlu prasami | yèn wontên uwong kang mogok ||

29. jinarahan rinayah nak rabinipun | binêkta mring Surawèsthi | milanya prasami takut | sagung wong tanah pasisir | saurute ingkang kulon ||

30. sami sowan dhumatêng ing Surèngkewuh | Raja Galèngsong wus nunggil | anèng Surabaya kumpul | kunêng malih kang winarni | kang arsa mucung palugon ||

30. Pocung

1. kang winuwus Pangran Dipati ing wau | jujug ing Jêpara | lampahe sagunge baris | wadyabala wus sami kumpul sêdaya ||

2. prapta sampun anèng Jêpara sêdarum | tata pamondhokan | sajro kitha Jêparèki | kadya ombak samodra môngsa kasapta ||

3. pan gumuruh wadya lit suwaranipun | Pangeran Dipatya [Di...]

--- 3 : 138 ---

[...patya] | nênggih pakuwonirèki | wismanira Ki Ngabei RôngsapranaWôngsaprana ||

4. anèng kidul Singasari pakwonipun | Pangeran Purbaya | anênggih sanggrahannèki | datan awor kêlawan Pangran Dipatya ||

5. pakwonipun kasantosan langkung pêngkuh | pangeran ing Sampang | punika pakuwonnèki | sawadyanya anèng sajawining kitha ||

6. sami rawuh wong pasisir kulon iku | anèng ing Jêpara | Batang Kêndhal lan Sêmawis | Kaliwungu Grobogan tanapi Dêmak ||

7. Pathi Kudus sêdaya wus sami kumpul | anèng ing Jêpara | Barêbês Pamalang Têgil | ing Carêbon Sumêdhang miwah Kalongan ||

8. kang winuwus Pangeran Dipati wau | miyos siniwaka | andhèr kang para dipati | pra pangeran kanan kering lênggahira ||

9. alon muwus PangraPangran Dipati turipun | mring Pangran Purbaya | kula eyang myarsa warti | tiyang Sampang mangke golong ing Mêkasar ||

10. Surèngkewuh sami wontên nêgri ngriku | pasisir bang wetan | sêdaya sampun sumiwi | sami seba dhumatêng ing Surabaya ||

11. ing Sêdayu utawi Garêsik iku | Rêmbang Pajangkungan | Lasêm utawine Tubin | ing bang wetan sagunge môncanêgara ||

12. sami suyud seba dhatêng Surèngkewuh | anut pikajêngnya | Trunajaya ing samangkin | Jêng Pangeran Purubaya aturira ||

13. wartosipun mêkatên [mêka...]

--- 3 : 139 ---

[...tên] anggèr saèstu | Pangeran Dipatya | angartika jroning ati | kaya-kaya pantêse Si Trunajaya ||

14. kaya cukup angêntasana pakewuh | nanging kayaparan | wêkasane awak mami | yèn printaha ngundurakên baris ingwang ||

15. yêktinipun kawanguran solah ingsun | mendah wirang ingwang | isin marang jêng rama ji | mendah dene ucape sagunge janma ||

16. lamun durung kaanan têmpuh ing ripu | lamun ing ayuda | ya karsa ingsun têmêni | pan awite madêg baris Trunajaya ||

17. awitipun anglakoni dhawuh ingsun | kèmêng ing wardaya | wardaya winolak-walik | ingsun arsa wikan tandanging ayuda ||

18. nanging iku wantuning wong pulang pupuh | yèn nèng têngah ngrana | padha mrih awak pribadi | pasthi lali marang sanak lawan kadang ||

19. rêbut lampus rêbut gêsang gih puniku | yèn wus padha pêrang | satêngahe ing ajurit | môngsa dadak elinga ingkang ubaya ||

20. lamun ingsun cidraa ubayanipun | mring Si Trunajaya | iya rusak jênêng mami | apan ingsun sinêbut satriya tama ||

21. lakuningsun kaya prayoganipunKurang satu suku kata: lakuningsun kaya ta prayoganipun | wusana ngandika | dhumatêng kang eyang aris | paran mangke kangjêng eyang Purubaya ||

22. napa rêmbug jêng eyang kawula tantun | inggih sapunika | Trunajaya sampun nunggil | lan Galèngsong wontên nêgri Surabaya ||

23. inggih sampun anunggal barise

--- 3 : 140 ---

kumpul | paran ta jêng eyang | mênggah kang dados prayogi | punapa ta wadya pasisir sêdaya ||

24. inggih tumut amomota sangunipun | dhumatêng baita | dene bupati pasisir | inggih sami lumampaha mêdal dharat ||

25. wadyanipun kairida sadayèku | sarêng lampah kula | Pangran Purbaya turnya ris | kula anggèr andhèrèk karsa paduka ||

26. alon muwus Pangran Dipati lingnya rum | bupati sêdaya | aja pisah lawan mami | wong Sêdayu akèh ingkang padha minggat ||

27. asru muwus hèh Slarong mêngko Sêdayu | sapa ngêbrokana | ingkang dadi ngirid baris | Ki Tumênggung Sêdayu ya ta anêmbah ||

28. inggih ulun mirêng ing pawartosipun | pangiriding lampah | kang saking Madura gusti | Tunggulwulung Banthèngwulung satunggalnya ||

29. wadyanipun kalih atus kathahipun | tiyang ing Madura | rêsahipun anglangkungi | bajag Sampang ing solah sawênang-wênang ||

30. yêktinipun sintên kang tan purun anut | jinarah rinarayahLebih satu suku kata: jinarah rinayah | binoyong saanak rabi | ingaturkên dhumatêng ing Surabaya ||

31. milanipun tiyang alit manahipun | ajrih tiyang Sampang | kang sagêd lumajêng ngungsi | dhatêng wana jinarahan ingkang wuntat ||

31. Pangkur

1. Pangran Dipati ngandika | adhi Cakraningrat ywa pisah mami | uwong Madura puniku | yèn eling mring yayi mas | undhangêna sagunge wadya Mêntarum |

--- 3 : 141 ---

budhala ing dina benjang | Si Wôngsadipa puniki ||

2. karia anèng Japara | saanake lawan bala Kumpêni | anèng ing Jêpara tunggu | ing solah tan winarna | enjing muni têngara bêndhe angungkung | gong bèri swarane ngangkang | têngara bubarkên baris ||

3. sangune kang wadyabala | wus ingêmot anèng palwane nuli | wus kumpul wadya Mêntarum | kadya girindra kobar | wong pasisir môncanêgara nèng ngayun | minôngka cucuking lampah | dene wadya ing Mêntawis ||

4. wong panumping lan bumija | numbak anyar sèwu ingapit-apit | Pangeran Purubayèku | atêbih anèng wuntat | lampahira kang baris sangsaya nglarug | kunêng kang lagi lumampah | gêntia ingkang winarni ||

5. Panêmbahan Madurêtna | kang umadêg anèng ing Surawèsthi | Rahadèn Trunajayèku | sampun sêsilih nama | Panêmbahan Madurêtna Surèngkewuh | agung siniwakèng wadya | bang wetan urut pasisir ||

6. tanapi môncanêgara | ing bang wetan wus nungkul sadayèki | barisira sami kumpul | lawan wadya Mêkasar | wong Mêkasar sami kaduk purun-purun | akanthi wadya Madura | padha wani-wani mati ||

7. watak wadyabala Sampang | lamun angsal pangajanirèng gusti | datan etang ajur mumur | wani kurang dêduga | pan wus kocap bajag Sampang solahipun | arusuh sawênang-wênang | mêngko wuwuh olèh ati ||

--- 3 : 142 ---

8. TrunajalaTrunajaya tan kemutan | yèn kinarya wayang Pangran Dipati | sarêng wau sampun katur | lawan Raja Mêkasar | Trunajaya ambêk digung kumalungkung | pamine praja Mêntaram | wus anèng sêlan dariji ||

9. sampun amiyarsa warta | Pangran Adipati Anom Mêntawis | ingkang tumindak anglurug | kêlawan pinituwa | Jêng Pangeran Purubaya anut pungkur | tanapi Pangran Balitar | miwah Pangran Singasari ||

10. angêrig wadya Mêntaram | wong pasisir tuwin môncanêgari | anèng Jêpara ngalumpuk | samangke sampun budhal | sêdya marang Surabaya pan anglurug | Panêmbahan Madurêtna | lajêng angarakit jurit ||

11. wong Sampang sami siyaga | mêpêg baris solahe gêgilani | wong Mêkasar sampun kumpul | sumêdya ngantêp yuda | mêthukakên prajurit Mêntaram rawuh | warnanên Pangran Dipatya | ingkang prapta ngirid baris ||

12. dèrèng ngantya tata-tata | wong Mêkasar lajêng angangsêg wani | Madura Mêkasar nêmpuh | sami sudiranira | rêbut dhucung kaya gea panggih mungsuh | ing Gadog sêmana prapta | sawang-sinawang kang baris ||

13. wong Sampang lan wong Mêntaram | pan sêdaya tan ana ngucap ajrih | sarêng suraknya gumuruh | kadya ombak sêgara | wong Mêkasar pating barêkik umaju | mangsah ing asmarèng laga | ambyuk sami nêmpuh wani ||

14. mangsah ngangsêk wong Madura | solahira lir banthèng tawan kanin | angajrihi tandangipun [ta...]

--- 3 : 143 ---

[...ndangipun] | lir pendah singa lodra | rêbat môngsa sêdaya prasami purun | onclang lêmbing onclang watang | ana mêncak ting carênthik ||

15. prajurite ing Madura | Mangkuyuda têguh prakosa wani | dene wau sisihipun | aran Dhandhangwêcana | keringira pan punika sisihipun | kang têngêne Wôngsadrana | sami prakosa ngajurit ||

16. iku têtindhihing yuda | dyan umangsah lir banthèng tawan kanin | tiyang Mêkasar angamuk | kadi buta mêmôngsa | ing ayuda punika têtindhihipun | awasta Dhaèng Mangrewah | kêlawan Dhaèng Makincing ||

17. mangsah sikêping ayuda | muni bêdhil cucuke ing ajurit | swarane lir gunung rubuh | mimis tiba lir udan | pêtêng dhêdhêt ing payudan kadi dalu | dening kukusing sundawa | barung surake kang janmi ||

18. pan nora angeman pêjah | wadya Sampang myarsa swaraning bêdhil | sumêdya asoroh amuk | binendrong ing sênjata | wadya Sampang amuntir babêrngosipun | pêdhange nulya dèn ikal | sarwi ngagêm tamèng Bali ||

19. sawênèh onclang watangnya | dyan umangsah sarwi anaut rawis | wong Madura kaduk purun | rame têmpuhing yuda | lir andaka wong Sampang dènira ngamuk | arame long-ingêlongan | tan ana angucap ajrih ||

20. wong Sampang gêgamanira | towok tumbak busur tanapi lêmbing | prasami asoroh amuk | ngowak-awik ing mêngsah | pan wus [wu...]

--- 3 : 144 ---

[...s] takdir karsane Suksma kang agung | wadyabala ing Mêntaram | miris tan darbe kuwani ||

21. para mantri lan satriya | kang prajurit manahe lir pawèstri | kêkês tan darbèni purun | ingamuk mring wong Sampang | wong Mêntaram wadya ewon mawut-mawut | kathah ingkang sami pêjah | kang urip lumayu gêndring ||

22. surak wadya ing Mêntaram | prajurite prasami angawaki | kang dados andêling kewuh | Pangeran Purubaya | anyamêthi turôngga mangsah ing pupuh | ginarêbêg wadyanira | sarêng mangsah ing ajurit ||

23. Ki Ngabèi Wirajaya | dyan umangsah lan Panji Wirabumi | miwah Ki Rôngga Sêdayu | angamuk ambêg pêjah | para mantri Mêntaram sarêng angamuk | andêling prang mangsah yuda | Pangran Purbaya ngawaki ||

24. Tumênggung Wiramênggala | Arya Pamot sarêng mangsah ngajurit | Pangran Balitar tan kantun | sarêng ngantêpi yuda | wong Mêkasar sêdaya sarêng ngamukKurang satu suku kata: wong Mêkasar sêdaya sarêng angamuk | Raja Galèngsong mangsah prang | anindhihi ing ajurit ||

25. wau Radèn Trunajaya | wadya Sampang ingkang dipun tindhihi | mila ing ayuda kukuh | wus karsaning Pangeran | wong Madura mêsthi lanang yudanipun | pilih boboting ayuda | tan ana angucap ajrih ||

26. wadyabala ing Mêntaram | kathah pêjah kang urip sami miris | singa tinêrajang mawut | datan môngga puliha | prajurite sampun kathah kang kêsambut | Ki Ngabèi Wirajaya | apan sampun nandhang kanin ||

27. pra

--- 3 : 145 ---

sêntana kathah pêjah | ki ngabèi tatune angranuhi | sêmana tiba alungguh | rudiranira muncar | ya ta niba Wirajaya datan emut | gya rinêbut pra sêntana | rinômpa mundur ngêmasi ||

28. prajurite apuyêngan | Wirabumi sampun anandhang kanin | nèng têngah ngrana kêsambut | mundur wus binandhusa | Kyai Rôngga Sêdayu sampun kêsambut | nèng rana sampun palastra | wingwrin wadya ing Mêntawis ||

29. kang dados lajêring yuda | jêng pangeran tinilar wadya alit | prajurite kèh kêsambut | nora môngga puliha | Jêng Pangeran Purbaya ngandikèng kalbu | baya wus karsane Suksma | apês wadya ing Mêntawis ||

30. sêlawase ingsun yuda | iya nora kaya ing môngsa iki | prajurit Mêntaram gêmpur | singa maju kêbranan | wong Mêntaram padha kêkês manahipun | dhingin kang padha prawira | samêngko mundur lir èstri ||

32. Durma

1. kaya priye olèh ingsun ngundurana | nora na kaya mami | kabèh wong Mêntaram | sinêpuh tur sinêmbah | mring putra sêntana aji | bangêt ewuhnya | yèn ingsun mundur jurit ||

2. yèn sanyata rusake praja Mêntaram | aku aja mênangi | iki wong Mêntaram | sirna larut sangsaran | wong Sampang Mêkasar iki | padha dêgsura | anêmpuh baris mami ||

3. ya ta prapta wong Sampang lawan Mêkasar | Pangran Purubayèki | sawadyane panggah | datan gumingsir [gu...]

--- 3 : 146 ---

[...mingsir] tadhah | kadi banthèng tawan kanin | Pangran Purbaya | pangamukirèng jurit ||

4. sampun sêpuh mendah ta kala taruna | wong Madura angisis | singa kang katrajang | ngamuk karo curiga | dhuwunge wasta Ki Panji | kathahên lawan | kudane angêmasi ||

5. nadyan silih pangeran otota kawat | bêbalungira wêsi | kulita têmbaga | asungsuma gêgala | môngsa kêlara nadhahi | sayêkti rêmak | kinarubut ing jurit ||

6. nora pasah kulite ing jêro rêmak | Pangran Purbaya linggih | wantu sampun sêpah | sigra Pangran Balitar | wrin kang rama ing ajurit | lênggah nèng kisma | tôndha kasambut jurit ||

7. gya rinêbat wau Pangeran Purbaya | binêkta mundur aglis | wus sangêt kantaka | supe purwa duksina | sarira rêmak nglolosi | dupi Pangeran | Purbaya sor ing jurit ||

8. barisira lir pendah pawuhan bêdhah | katrajang toya banjir | lajêrira sirna | aram larut sêdaya | ya ta Pangran Adipati | kalulun bala | lan Pangran Singasari ||

9. wadyabala Mêntaram mawur sangsaran | wau Pangran Dipati | alit galihira | kang eyang kêsambut prang | pondhoknya lajêng bêbiting | sami prayitna | Pangran Purbaya lalis ||

10. gumêr gumrah swarane ponang karuna | nulya binandhusa glis | jêng pangran binêkta | kondur dhatêng Mêntaram | Pangran Purbaya ngêmasi |

--- 3 : 147 ---

pan sinêngkalan | trus muka pinrang janmiSengkalan: trus muka pinrang janmi (1...99 A.J.). ||

11. wus umangkat bandhusa Pangran Purbaya | warnanên ingkang kari | sagung wong Mêntaram | kêkês wingwrin kang manah | de andêl kêsambut jurit | nusul sêkala | duk Padêmung ing nguni ||

12. naga sanga prang jagadSengkalan: naga sanga prang jagad (1598 A.J.). ingkang sêngkala | satriya pra prajurit | manah lir wanodya | tuwin para sêntana | para putra tyasnya giris | wus karsèng Suksma | apês wadya Mêntawis ||

13. tagdiring Hyang tan kêna gingsir lan owah | pangran kala ngêmasi | marêngi taun Dal | susah wadya Mêntaram | katutuh kurangan bukti | tinêmpuh lara | bagêblug andhatêngi ||

14. karusakan wong Mêntaram kathah minggat | lorode sami mulih | Pangeran Balitar | lan Pangran Singasêkar | lolosa wadya ing wêngi | kondur sêdyanya | dhatêng nêgri Mêntawis ||

15. lampahira kèndêl anèng ing Jêpara | namung lêrêb salatri | enjingira budhal | kawarnaa wong Sampang | sèwu kang wadya prajurit | têtindhihira | senapatining jurit ||

16. akêkasih Ki Tumênggung Mangkuyuda | wong Mêkasar prajurit | gangsal atus kèhnya | dene pangagêngira | Dhaèng Mangrewah nindhihi | kinèn bujunga | dhatêng wadya Mêntawis ||

17. tingkahira wong Sampang miwah Mêkasar | sangêt anggêgilani | kadi bêbarongan | ana kang kaya buta | ana lir bajo ngêjawi | sawênang-wênang | anjarah [a...]

--- 3 : 148 ---

[...njarah] angrayahi ||

18. malbèng wisma yèn kêpanggih ana janma | kang lanang dèn patèni | kang wadon jinamah | kinroyok bajag Sampang | wadon siji dèn kapati | sawênèh ana | wong wadon dèn kanêmi ||

19. pan katanggor ana wadon tau tatal | wong siji dèn pitoni | malah maksih kurang | wadon iku asumbar | payo ta majua maning | têka limalas | wong Sampang ngong tadhahi ||

20. sampun dadi paribasan bajag Sampang | dhugal kaworan baring | ora ngetung tata | sêdaya kang kamargan | mila sami nungkul aris | darbèk jinarah | kang wadon dèn ramuhi ||

21. sami ngili mring alas uwong Juwana | sampun prapta ing Pathi | Kyai Mangkuyuda | prawira ing ayuda | sami têluk wadya Pathi | mapag tan kêlar | wong Pathi kathah mati ||

22. tan kuwawa nadhahi prange wong Sampang | mila wadya ing Pathi | prasami lumajar | ngili mring alas-alas | Kudus wus binêdhah nênggih | lajêng jinarah | wadya lit sami wingwrin ||

23. sakêlangkung rusuh wadyabala Sampang | wong cilik sami giris | dulu wong Madura | Warung miwah Grobogan | tan ana lumawan jurit | jinarah-rayah | gègèr puyêngan ngili ||

24. namung Dêmak maksih kawal ing ayuda | rame têmpuhing jurit | wong Mêkasar Sampang | angsahirèng ayuda | tandangira kadi bêlis | wong Dêmak panggah | datan [da...]

--- 3 : 149 ---

[...tan] sêdya ngunduri ||

25. surakira wong Dêmak kadi ampuhan | têmpuhirèng ajurit | gêlar prit anêba | wadya Sampang Madura | milane rame ing jurit | wadya ing Dêmak | prasami ambêdhili ||

26. pêtêng dhêdhêt dening kukusing sêndawa | satêngahing ajurit | mimis kadi udan | saya riwut ing yuda | wadya ing Sampang kalindhih | karoban lawan | akathah ingkang mati ||

27. lajêng mundur yudane wadya Madura | ya ta mangetan malih | mring nêgri Jêpara | wau ingkang sinêdya | arsa binêdhah tumuli | nulya na prapta | bêbantu ingkang prapti ||

28. Trunajaya anuduh wadya Madura | bantu kang kasor jurit | wong môncanêgara | ing bang wetan sêdaya | wau ingkang ambantoni | wadya ing Sampang | ingkang dadya têtindhih ||

29. ing Jêpara sêmana sampun kinêpang | samya tintrim wadya lit | wênèh ngungsi kutha | ana kang ngungsi wana | ya ta dhinêsêk tumuli | kutha Jêpara | sêdya dèn gêcak wani ||

30. wong Jêpara muwêr sajêroning kutha | akanthi wong Kumpêni | kang tungguk Jêpara | wêtawis rong bêrgada | sumêdya rêrêmpon jurit | Ki Wôngsadipa | sinome dèn usapi ||

33. Sinom

1. sêdaya kang para putra | sampun pinêpak ing ngarsi | Jagapati Samênggala | Wôngsaprana Wiragati | Marêksa Wiramantri | tan têbih sêntananipun | sumêdya ambêk pêjah | rêrêmpon sajro kithèki | nanging datan mêtoni wadya [wa...]

--- 3 : 150 ---

[...dya] Jêpara ||

2. wadya lit bubar sêdaya | mung kantun lasira sami | kang anèng sajroning kitha | akanthi wadya Kumpêni | sêdaya sampun rakit | Kumpêni nèng alun-alun | tamburira brang-brangan | mayor tindhihing ajurit | lan pun êbro Tuwan Bèlêm kapitannya ||

3. iku panggêdhe Wêlônda | soldhadhu sampun rinakit | gêlarira lêlumbungan | brang-brangan tambure muni | mayor tindhihing jurit | tan sumêdya mundur kewuh | kawarnaa wong Sampang | kitha Jêpara rinampid | lawan môncanêgri pasisir sêdaya ||

4. sami angêpung Jêpara | sêdaya wus sami balik | sagung wong môncanêgara | tanapi wadya pasisir | wong Madura nglêboni | mring jro kitha Jêparèku | gêgilani solahnya | wong Mêkasar lir rasêksi | amêmôngsa amonah daging manungsa ||

5. wus malêbêt ing jro kitha | sagêgamaning ajurit | Kumpêni yudane panggah | mariyêm sinumêt muni | kalantaka barêngi | swarane lir gunung rubuh | ngukih wadya ing Sampang | tan ana angeman pati | mriyêm langkah ngalun-alun sampun prapta ||

6. Kumpêni gêlar lumbungan | tambure tan pêgat muni | sênjata sarêng muninya | kadi rubuh kang wiyati | mimis kadi gurimis | surake janma gumuruh | pêtêng têngah payudan | kukusing sênjata muni | datan kêndhat Kumpêni bêdhile munya ||

7. Ki Ngabèi Wôngsadipa | saha sêntana umijil | tanapi kang para

--- 3 : 151 ---

putra | utawi sagunging mantri | wong Sampang kathah mati | maksih sudira angamuk | Kumpêni lêlumbungan | apanggah tan kêna ngukih | wong ing Sampang kathah pêjah ting sulayah ||

8. kawatgata ing kucika | ingkang nganggo kêre wêsi | maksih angamuk sudira | wênèh kre kuningan mati | ana kulambi kulit | katrajang ing mimis butul | mundur wadya ing Sampang | sajawining kitha prapti | kawan dasa wong Madura ting gulimpang ||

9. undure wadya Madura | lajêng amakuwon sami | nèng Jagatamu malatar | môncanêgari pasisir | rêrangkah abêbiting | prasami prayitnèng kewuh | kawarna Wôngsadipa | pirêmbag lan para mantri | lan sêntana ngandika Ki Wôngsadipa ||

10. lah puniki kaya napa | mêngsah kang ngêpung nagari | nèng Jagatamu pondhoknya | kayaparan dènira mrih | undure mungsuh iki | Jêpara tan wurung rusuh | kanggonan wong Madura | Wôngsaprana matur aris | yèn marêngi kiyai karsa sampeyan ||

11. mariyêm agaarga punika | suwawi dipun pilihi | pinasang nèng Danaraja | ingarah tibaning mimis | Jagatamu dèn titis | pinrih bubara kang mungsuh | binalang mimis sawat | Wôngsadipa anauri | yèn mangkono rêmbugmu luwih prayoga ||

12. ing dalu binêkta minggah | mriyêm mring Danarajèki | pinilih kang agêng samya | sinèrèd mriyêm sawiji | wong satus kathahnèki | binêkta munggah ing gunung | saragêni Mêntaram | munggah wukir [wu...]

--- 3 : 152 ---

[...kir] anjagani | Kyai Kulung Kumbarawi Guntur Brama ||

13. ya ta Kyai Wôngsadipa | sênjata gêng dèn isèni | dèn arah-arah tibanya | mariyêm kang ponang mimis | sigra dèn sumêd aglis | swarane lir gunung guntur | mimisira atiba | nèng Jagatamu bênêri | pondhokira wong Madura kagegeran ||

14. kayu kang katrajang sêmpal | janma kathah ingkang mati | wong pasisir môncapraja | tumingal kalangkung giris | wong Madura awingwrin | bubar saking Jagatamu | wadyabala Mêkasar | ing Kudus kang dipun ungsi | sami kuwur lajêng anglarug mangetan ||

15. kawarnaa Wôngsadipa | prasami rêmbagan pikir | lawan sagung para putra | arsa ngaturi udani | marang sri narapati | Jêpara pinrêp ing ripu | lajêng campuh ing yuda | wong Madura kawan dèsi | ingkang pêjah kupingira pinêrungan ||

16. ingaturkên sri narendra | Ki Wôngsadipa kang siwi | dinuta marang Mêntaram | budhal tan kawarnèng margi | sampun prapta Mêntawis | anulya katur sang prabu | sêdaya aturira | Wôngsadipa mring sang aji | dhawuhira wau kangjêng sri narendra ||

17. lajêng tinulak wangsula | pinaringan obat mimis | sampun prapta ing Jêpara | lan Wôngsadipa wus panggih | kunêng gênti winarni | Dhandhangwêcana winuwus | dinuta Trunajaya | ambêdhah nêgri Mêntawis | mêdal Jipang lajêng anjog Jagaraga ||

18. kalawan môncanêgara | wong bang wetan kang

--- 3 : 153 ---

dèn irid | sagêgamaning ayuda | sasolahnya gêgilani | ing Pajang sampun prapti | lajêng pinêthuk ing ripu | wadya Pajang kasoran | ya ta sami dèn jarahi | lampahira laju anjog ing Kajoran ||

19. ya ta Panêmbahan Rama | sampun angumpul kang baris | wus angadêg barisira | anèng Kajoran miranti | ingkang tumut Mêntawis | puyêngan wong dhusun-dhusun | ajrih miyarsa warta | wong Sampang bêdhah Mêntawis | wong ing Pajang wus sami nungkul sêdaya ||

20. môncanêgara bang wetan | Warung ing Grobogan sami | têluk dhatêng wadya Sampang | Blora Nglasêm Jagaragi | Japan Jipang tut wuri | Magêtan tuwin Madiun | Panaraga Kaduwang | wus nungkul nut printahnèki | wong pasisir môncanêgara bang wetan ||

21. sami ambalik sêdaya | milanya wadya Mêntawis | sami giris manahira | wus katur sri narapati | yèn Pajang sampun balik | kèdêkan mungsuh kang rawuh | gih Panêmbahan Rama | wus kumpul anunggil baris | langkung agêng ngadêg baris nèng Kajoran ||

22. sabên dintên ambêbahak | dhusun kang parêk Mêntawis | sri narendra langkung duka | sêksana miyos tinangkil | pêpak para putra ji | sêntana sami nèng ngayun | Pangran Dipatya ngarsa | lan Pangeran Singasari | Pangran Pugêr lan Pangeran Martasana ||

23. Pangeran Balitar lawan | nênggih Radèn Singasari | Pringgalaya Wiratmêja | Wiramênggala [Wira...]

--- 3 : 154 ---

[...mênggala] anangkil | sang nata asru angling | mring Pangran Dipati wau | kulup sira mênyanga | marang ing Kajoran kaki | minôngkaa sira dadi wakil ingwang ||

24. ya kabèh sira kêriga | wadyabala ing Mêntawis | yèn wong Kajoran wus kalah | boyongên aja na kari | sarupane nak mami | padha mèlua anglurug | marang ing kakangira | Kajoran gitikên jurit | wong ing Sampang Mêkasar padha sirnakna ||

25. Ki Pugêr lan Singasêkar | miwah Pringgalaya adhi | lan putra ngong Ki Balitar | dene Tumênggung Mêntawis | iya Mangunnêgari | nêmbanga têngara gupuh | dina iki mangkata | manêmbah Pangran Dipati | sigra nêmbang têngara rêg wong Mêntaram ||

26. ting balêba solahira | prasami anata baris | anèng alun-alun aglar | ing pasar kèbêkan baris | gêgaman warni-warni | prajurit datanpa etung | lir robing kang samodra | abra tunggulira asri | yèn sinangwang kadi gunung kêmbang-kêmbang ||

27. mariyêm sami binêkta | ingkang narik saragêni | Nyai Sêtomi nèng ngarsa | prajurit ingkang nambungi | wadya kang sikêp bêdhil | sonare pating pêlancur | wadya sumambung wuntat | prajurit kang sikêp lêmbing | umbul-umbul lêlayu miwah bandera ||

28. katiyup dening maruta | kadya ombaking jêladri | wahana barung kêlawan | wadya kang lumampah sikil | lir obah ingkang siti | pangriking turôngga barung | wor swaraning gamêlan | mangkana [mang...]

--- 3 : 155 ---

[...kana] Pangran Dipati | amit rama miwah sagung para putra ||

29. utawi para sêntana | mring pura prasami amit | ngabêkti angaras pada | sang nata ngandika aris | sun pasrah ing Suksma di | kabèh ingkang padha nglurug | aja na kurang yitna | para pangran wus ngabêkti | ya ta kondur sang nata malêbèng pura ||

30. wêdale para pangeran | sapraptanira ing jawi | obah prajurit sêdaya | têngara tinêmbang muni | bêndhe sapisan muni | anyandhak gêgamanipun | bêndhe ping kalih munya | samêkta sadhiya rakit | muni ping tri tan ana kang nolèh wuntat ||