Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

34. Pangkur

1. budhal baris ing Mêntaram | yèn sinawang kadi prawata sari | lêlayu lan umbul-umbul | katiyup samirana | yèn sinawang lir pendah ombaking laut | swaraning janma lir gêrah | barungan swaraning wajik ||

2. Pangran Dipati Mêntaram | nitih kuda rêspati songsong kuning | waos sulam munggèng pungkur | samas kang munggèng ngarsa | amarapit payung agung munggèng ngayun | ingkang munggèng wuri pisan | wong satus anumbak putih ||

3. gêgaman awarna-warna | lampahira angapit kanan kering | ingkang lumampah ing ngayun | bupati ing Mêntaram | para arya bupati tuwin tumênggung | Jêng Pangeran Pringgalaya | kang dadi cucuking baris ||

4. kalawan Pangran Balitar | atanapi tumênggung ing Mêntawis | sawadyanira gumuruh | wau ing lampahira |

--- 3 : 156 ---

Kyai Mangunnêgara lumampah ngayun | lawan Radèn Wiratmêja | Wiranêgara prajurit ||

5. marga agêng ambêlabar | kaèbêkan wadyabala Mêntawis | sêdaya prayitnèng kewuh | kêrig wadya Mêntaram | sampun mêdal nèng jawi nêgari nglurug | ing Kajoran kang sinêdya | kuwur manahe wadya lit ||

6. ya ta wau kawarnaa | ing Kajoran sampun umadêg baris | sêmana sampun akêmbul | lan baris ing Madura | bala Sampang kang dadya têtindhihipun | awasta Dhandhangwêcana | sugih kêndêl kaduk wani ||

7. nungkul mring Dhandhangwêcana | wadya Pajang sampun sami ambalik | môncanêgara wus têluk | Kaduwang lan Magêtan | wong Madura gêgilani polahipun | ya ta wau kawarnaa | barise wadya Mêntawis ||

8. ing Kajoran sampun prapta | wong Mêntaram lajêng angrakit baris | ing Kajoran wus kinêpung | surak kadya ampuhan | Panêmbahan Rama wus prayitnèng kewuh | sêmana sampun siyaga | sakêpraboning ajurit ||

9. miwah kang para sêkabat | wus arakit sami sowan ing gusti | wadya Madura gumrudug | ya ta Dhandhangwêcana | amêtoni ing ayuda karsanipun | wadyabala ing MêntaranMêntaram | suraknya mawanti-wanti ||

10. sagung wadya ing Kajoran | wus akumpul sêdya mêtoni jurit | wadya ing Madura gêrgut | tanapi wong Mêntaram | sami purun lajêng acampuh ing ripu | wadyabala

--- 3 : 157 ---

ing Kajoran | karoban tandhing ing jurit ||

11. sênjata lir gêlap ngampar | ing Kajoran mimis kadi gurimis | kukus pêtêng kadi pêdhut | satêngahing payudan | agagapan wadya kang campuh ing ripu | angrok ingkang bôndayuda | kêpanggih prasami wani ||

12. agênti sêrang-sinêrang | wong Madura kêlawan wong Mêntawis | swarane surak lir guntur | sambate wong kêbranan | ngarsa mati ing wuri nêrajang purun | ya ta wadya ing Madura | yudanira pan kalindhih ||

13. wadyanira kathah pêjah | wong Kajoran sêksana anulungi | tandange wadya anggrêgut | nanging karoban mêngsah | wong Kajoran yudane kathah kêsambut | kathah tatu kathah pêjah | lir wangan nêmpuh jêladri ||

14. mundur wadya ing Madura | wong Kajoran milu mundur awingwrin | sêmana kêsaput dalu | prasami mêsanggrahan | arêrangkah sami prayitna ing kewuh | wau ta wadya Madura | manahe tan kêna lilih ||

15. tanapi wadya Kajoran | manahira sêdaya sami miris | dene karoban ing mungsuh | prasami pirêmbagan | Panêmbahan Rama lan sêntananipun | prayoga padha ngêmbula | mangetan anunggal baris ||

16. kêlawan Ki Trunajaya | nora dadi kerone ingkang pikir | mêsthi ing ayuda kukuh | nadyan besuk balia | mring Mêntaram angirid gêgaman agung | aja kêtanggungan lampah | Dhandhangwêcana mèstuti ||

17. sampun dadi [da...]

--- 3 : 158 ---

[...di] kang pirêmbag | sigra undhang dhumatêng wadya alit | sumêdya lolos ing dalu | kulawarga sêdaya | kang sinêdya mangetan barise kumpul | kêlawan Ki Trunajaya | sêdaya dipun wangsiti ||

18. sêksana anulya bubar | wong Madura lumampah anèng wuri | anèng ing marga kasusu | pating pacècèr marga | Panêmbahan Rama lampahe andarung | sumêdya angêmbul lampah | lan kang anèng Surawèsthi ||

19. wong Mêntaram wus uninga | Panêmbahan Rama lolos ing wêngi | wus raina sigra maju | Kajoran jinarahan | binoyongan wong Kajoran ingkang kantun | wisma sami ingobongan | dene wadya ing Mêntawis ||

20. sêdaya sagung boyongan | myang jarahan binêkta mring Mêntawis | Pangeran Dipati kondur | lawan para sêntana | tan kawarna kang mantuk dhatêng Mêntarum | ya ta Pangeran Kajoran | lajêng dhatêng Surawèsthi ||

21. kêpanggih lawan kang putra | Trunajaya langkung trusthaning galih | wus lami nèng Surèngkewuh | sêmana gantya warsa | Panêmbahan Madurêtna alon matur | dhatêng Panêmbahan Rama | arsa ngalih mring Kêdhiri ||

22. sêdaya wus sami rêmbag | wong amôncanêgara lan pasisir | sagunge kang sami nungkul | datan mawi sumêlang | ing parentah sêdaya wus sami suyud | ing marga datan winarna | nampunsampun prapta ing Kêdhiri ||

23. tan winarna solahira | nèng Kêdhiri karya kutha wus dadi | kêlangkung kandêl akukuh [a...]

--- 3 : 159 ---

[...kukuh] | anulya tata gêlar | ing ayuda ingkang sênjata wus didum | ingkang munggèng ngarsa wuntat | kanan kering wus rinakit ||

24. dene ingkang tinanggênah | anêtêpkên kantun nèng Surawèsthi | ingkang jagani pakewuh | sêntana ing Madura | lan anganthi wong ing Surabaya wau | samêkta gêgaman yuda | tan ana sumêlang malih ||

25. ya ta malih winurcita | kang umadêg nata anèng Kêdhiri | sêmana agunêm rêmbug | lawan Glèngsong Mêkasar | miwah sagung nênggih kang para tumênggung | Madura môncanêgara | arsa minggah mring Mêntawis ||

26. ngandika Pangran Kajoran | sun wus rêmbug satuhu lamun pêsthi | bêdhahe nêgri Mêntarum | dlajad rêngkaning jagad | lajêng mêpak gêgaman sajuru-juru | pasisir môncanêgara | ingkang sampun sami balik ||

27. wus rakit gêgamanira | pan sumêdya minggah dhatêng Mêntawis | wus prapta ubayanipun | gêgaman sampun bibar | pan pinara kalih gih prajuritipun | wadya ingkang mêdal wetan | ingkang dados senapati ||

28. Ki Tumênggung Mangkuyuda | Panêmbahan Madurêtna kang patih | angirid gêgaman agung | mêdal ing Garobogan | anjog Pajang ing Kajoran kang jinujug | kang mêdal kilèn punika | wong Madura kang nindhihi ||

29. awasta Ki Wôngsaprana | lampahira amêdal ing Mêntawis | mêdal Pingit lampahipun | ing Trayêm kang sinêdya | wontên malih Mangkuyuda kanthinipun [kanthini...]

--- 3 : 160 ---

[...pun] | awasta Dhandhangwêcana | sami prawira ngajurit ||

30. dene wadya ing Mêkasar | ingkang nunggil Mangkuyuda kang baris | kang wadya pangagêngipun | aran Dhaèng Mangrewah | kanthi lawan aran Dhaèng Busung Mêrnung | untabe wadya sêdaya | anduduk samargi-margi ||

35. Dudukwuluh

1. wadya môncanêgari sêdayanipun | sagêgamanira ngiring | sumahab galak asaguh | tan sêdya mundur ing wèsthi | lampahnya praptèng Gêrompol ||

2. lajêng tata pakuwonira akumpul | kukuh dènira bêbiting | ngantèni rowange pungkur | langkung gêng gamanirèki | bang wetan lir samodra rob ||

3. wong bang wetan ingkang urut dhusun-dhusun | gègèr otêr sami ngili | lumayu arêbut dhucung | angungsi saanak rabi | wong Sampang polahe ngoyok ||

4. yèn katêmu wong wadon ginujêg purun | saênggone dèn ramuhi | wong wadon sawiji pangguh | dèn kapati dèn limani | mlaku kongsi medong-medong ||

5. pringas-pringis angulèt sarwi mêrkungkung | yèn ana mayare thithik | banjur ngadhang nèng dêlanggung | wong Sampang dipun ulati | dèngnèng marga lajêng kapêrgok ||

6. mèsêm-mèsêm jêjawat amrih tinubruk | tubruke wong Sampang wani | wani kinarubut pitu | pitune pan nora gingsir | gingsire sanyata tanggon ||

7. wadya Sampang samarga polahe rusuh | ambêboyong

--- 3 : 161 ---

anjarahi | kêbo sapi jaran wêdhus | sênadyan anêmu pitik | dinikêp banjur ginodhog ||

8. wus misuwur wong Pajang amawur-mawur | wadya Sampang minggah malih | lampahira sampun rawuh | sêsabrangane bênawi | ing Gêrompol amakuwon ||

9. wong kang urut bêngawan alêbur tumpur | wong Pajang puyêngan sami | angili mring wana gunung | warta Pajang dèn inggahi | mila giris sagunging wong ||

10. pra punggawa ing Pajang samêktèng pupuh | anèng sabrangane kali | ing kali Sêmanggi ngriku | sawadya sami abaris | dènnyarsa mêthuk palugon ||

11. wadya môncanêgara sawarninipun | sêdaya prasami kêrig | anglurug dhatêng Mêntarum | tanapi wadya pasisir | solahnya lir singa barong ||

12. sampun nyabrang wadya bang wetan sêdarum | gumrah swarane nèng kali | Umbul Pajang sêdyanipun | prasami amapag jurit | sinêrang anulya lolos ||

13. gya lumayu wadya ing Pajang kalulun | lumayu saanak rabi | ngungsi marang Gunung Kidul | wênèh ngungsi mring Mêntawis | puyêngan gègèr sagung wong ||

14. wadya Pajang gègère amawut-mawut | sêdaya wong dèsa-dèsi | playune sami kêsusu | wong wadon miyarsa giris | wong Sampang yèn nyêkêl wadon ||

15. saênggone dèn cêg-uwêg anèng ngriku | dèn kanêmi dèn pitoni | marmane kang nora tau | atine akêtar-kêtir |

--- 3 : 162 ---

kuwatir lamun rinoyok ||

16. kang wus nate dèn sangani ora mundur | malah sami ngadhang margi | angajap bisoa têmu | wong Madura kang winarni | anyêkêl marang wong wadon ||

17. malah sumbar bok wadon nèng têpi lurung | lah êndi rupane êndi | wong Madura kang bêg purun | kang gujêg marang pawèstri | ing kene payo rêbut rok ||

18. singa tiwas atandhing kêlawan ingsun | singa kasoran ing jurit | ingsun ta rêbutên wolu | môngsa gumingsira mami | singa ingkang medong-medong ||

19. rewangira anjawil alon amuwus | bok aja sira nyumbari | yèn wong Sampang ana krungu | nora wurung sira mangkin | pêsthi lamun kinêroyok ||

20. kang jinawil sumaur sarwi gumuyu | dene kaya bocah cilik | wêdia kinroyok wolu | ya ta wong Sampang miyarsi | ana swarane wong wadon ||

21. anjanggirat anjêpiping kupingipun | milang-miling pinggir margi | ana wong wadon kadulu | wong nêmbêlas tinggal baris | bok wadon pinondhong nyemot ||

22. gya binêkta mring ngandhaping kayu jêruk | lajêng sami dèn tandangi | gênti-gênti dènnya maju | wong nêmbêlas awêradin | wong papat malah amindho ||

23. sigra bubar wong Sampang lumayu gupuh | nututi kancanirèki | ni wadon maksih alungguh | kancane mara sru angling | ujar ingsun nora lenyok ||

--- 3 : 163 ---

24. lah ta priye yèn uwis mangkono iku | mau mula sun tuturi | ni wadon mèsêm amuwus | nora karusakan mami | malah dadi tômba encok ||

25. ilang kabèh laraningsun ngêrês linu | mung rada kurang sathithik | rewange gumuyu guguk | nora nyêbut si pênyakit | wis tan bisa ngadêg dheprok ||

26. kunêng sami polahe anèng nêlanggungdêlanggung | wong Sampang kang sami ngungsi | kang ngungsi marang Mêntarum | utawi kang ngungsi wukir | kêbut sagunging wong wadon ||

27. kêbo sapi desa-desa sami suwung | kadi gabah dèn intêri | sagunging wong dhusun-dhusun | manahira sami giris | wong Sampang gilani tinon ||

28. nêgri Pajang kancikan lajêng kêkuwu | wusana sami mèstuti | sabarang parentah anut | tan kuwat nanggulang jurit | wus rumaos lamun kasor ||

29. ya ta agêng barise gêgaman kumpul | bang êlèr prasami prapti | Ki Mangkuyuda Tumênggung | arsa minggah mring Mêntawis | nèng Pajang tata pakuwon ||

30. Ki Tumênggung Mangkuyuda tata sampun | kang dadya cucuking jurit | Dhandhangwêcana Tumênggung | kang dadi pênjawat kering | tan sêdya mundur palugon ||

36. Durma

1. ingkang dadi pênjawatira kang kanan | Môndhalika nindhihi | lan wadya Mêkasar | dadya cucuking yuda | Dhaèng Makincing nindhihi | Dhaèng Mangrewah | jajare kang nindhihi ||

2. Busung Mêrnung kêlawan Dhaèng Mabelah | gêgamannya suligi [su...]

--- 3 : 164 ---

[...ligi] | towok pêdhang tumbak | sigra Ki Mangkuyuda | têngara budhalkên baris | bêndhene ngangkang | barung têtêg lan bèri ||

3. asauran sagunge para manggala | budhal baris pangarsi | lir ombak samodra | swaranira gumêrah | pangrike ingkang turanggi | barung kêlawan | swarane wadya alit ||

4. piniyarsa anglir pendah udan dhawah | nibani godhong jati | swarane têngara | bêndhe bèri sauran | anglir ombak nêmpuh curi | gunging kang wadya | kadya sela blêkithi ||

5. wong ing Pajang wus sami tumut sêdaya | ambalik angêmbuli | dhatêng wong Madura | ing Pajang nut sakarsa | sangsaya agêng kang baris | môncanêgara | kang êlèr sami prapti ||

6. Ki Tumênggung Mangkuyuda arsa minggah | dhatêng nêgri Mêntawis | sampun ingundhangan | sagunge wadyabala | samêkta gêgamannèki | Dhandhangwêcana | dadya cucuking jurit ||

7. wus rinakit budhal kang baris sêdaya | lir robing kang jêladri | sira Mangkuyuda | kang dadya gêgunungan | arusuh tataning baris | samarga-marga | bêbahak jêjarahi ||

8. padesan salèring Mêntaram puyêngan | giris sami angili | angungsi jro kutha | sawênèh ngungsi ngarga | wong Sampang ambêbahaki | wadya Mêntaram | kang lanang dèn patèni ||

9. ingkang èstri tinawan tur dhinedhelan | kang kumbi dèn gantungi | kinukusan pêga | amrih sami ngakua | darbèke kang dèn pêndhêmi |

--- 3 : 165 ---

langkung gêgila | wong Madura lir bêlis ||

10. tan kawarna lampahe baris bang wetan | ing Kajoran wus prapti | lajêng lampahira | ing Taji pamondhokan | sigêgên kang anèng Taji | ingkang winarna | kang mêdal saking Pingit ||

11. sampun bubar saking Pingit lampahira | ing Têrayêm wus prapti | ya ta pamondhokan | sira Ki Wôngsaprana | sigêgên datan winarni | kang cinarita | Sri Narendra Mêntawis ||

12. gya pinêpak wadyabala ing Mêntaram | arsa mapag ing jurit | ingkang para putra | miwah para sêntana | siniwi ing pôncaniti | wus asiyaga | sakêpraboning jurit ||

13. putra sêpuh Pangran Dipati Mêntaram | sumêdya angawaki | lawan arinira | Pangran Pugêr sêmana | lan Pangeran Singasari | myang Martasana | wus siyaga ing jurit ||

14. sampun pêpak para Dipati Mêntaram | sakêprabon arakit | Pangran Pringgalaya | tumênggung ing Mêntaram | para putra ing Mêntawis | wus apamitan | mring rama atur bêkti ||

15. wus linilan budhal gêgaman Mêntaram | kang dadi senapati | Pangran Adipatya | rêspati nitih kuda | wadya prajurit angapit | awarna-warna | gêgaman ing Mêntawis ||

16. munggèng ngarsa para mantri numbak anyar | dadya cucuking jurit | lawan wong bumija | gêgamane bêranang | priyayi ganjur nambungi | sagêgamannya | lawan wadya panumping ||

17. tanpa [ta...]

--- 3 : 166 ---

[...npa] wilis gêgaman wadya Mêntaram | kadya prawata sari | marga kaèbêkan | kadya robing samodra | anglarug lampahing baris | kunêng kawarna | ingkang baris ing Taji ||

18. wus angangsêg gêgamane wong Mêntaram | ingkang saking ing Taji | myang Ki Wôngsaprana | saking Tarayêm bubar | wus kumpul sagunging baris | nèng pêjarakan | sampun saeka kapti ||

19. ya ta ngangsêg sagunge baris bang wetan | ingkang wadya pinalih | lan wadya Mêkasar | mangulon lampahira | Dhandhangwêcana kang ngirid | Têlagawônta | ingkang dipun êjogi ||

20. Ki Tumênggung Mangkuyuda barisira | sampun angangsêg sami | lawan Wôngsaprana | Sampang lawan Mêkasar | solahira gêgirisi | wadya Mêkasar | ingkang amapag jurit ||

21. sarêng nêmpuh wong Mêkasar lan Mêntaram | anèng ing Kalianjir | arame kang yuda | sami êlong-linongan | lir pendah rubuh kang langit | swara gênturan | mimis kadi gurimis ||

22. ing Têlagawônta rame kang ayuda | wong Mêkasar nindhihi | prange kadi singa | galak amôngsa janma | pangamuke ngowak-awik | tuwin wong Sampang | prange lir banthèng kanin ||

23. wus pinêsthi karsane kang murbèng jagad | rusake wong Mêntawis | ing sasolahira | wong Mêntaram kasoran | apan têmpuhing ajurit | repot ing yuda | manahe lir pawèstri ||

24. pra prawira

--- 3 : 167 ---

prajurite wong Mêntaram | datan duwe kuwanin | miwah para putra | samya lit manahira | giris kêkês ajrih miris | marang wong Sampang | wong Mêntaram kèh mati ||

25. ngungsi kitha wadyabala ing Mêntaram | puyêngan sanêgari | solahirèng janma | lir gabah ingintêran | sadina-dina atintrim | saanak rena | dene miyarsa warti ||

26. wong Madura barise wus ngêpung kutha | lan wong môncanêgari | anèng pêjarakan | Tumênggung Mangkuyuda | prajurite dèn undhangi | sira dhêsêka | marang kutha Mêntawis ||

27. obongana omahe jawining kutha | kang sarta dèn jarahi | sarwi surak-surak | wong Sampang ambêbahak | wong jro kutha amiyarsi | saya puyêngan | tambuh-tambuh dèn ungsi ||

28. pra punggawa tanapi para sêntana | satriya tuwin mantri | miwah para putra | anèng ing pagêlaran | dènira apacak baris | sami siyaga | sakapraboning jurit ||

29. sami nyadhong dhawuhira sri narendra | mênawa sri bupati | miyosi ngayuda | mila para punggawa | saos anèng pôncaniti | dyan kawarnaa | kangjêng sri narapati ||

30. datan kêni wus pêsthi karsaning Suksma | owah kêlawan gingsir | yèn praja Mêntaram | samangke bêdhahira | ya ta kangjêng sri bupati | narimèng Suksma | sokur kang karya manis ||

37. Dhandhanggula

1. ing wusana karsanya sang aji | arsa kengsakesah tilar ingkang praja | ing Mêntaram [Mênta...]

--- 3 : 168 ---

[...ram] wus jangjine | Suksmana ingkang agung | rusakira praja Mêntawis | tan kêna tinambaka | wus jangkêp kang taun | anêtêpi satus warsa | angundhangi para garwa para sêlir | kabèh wong jroning pura ||

2. kinèn dandan karsanya sang aji | karsa linggar saking jroning pura | busêkan sagunging uwong | ana pating salênggruk | kang sawênèh barêbês mili | ana kang gablog jaja | tambuh solahipun | ana pawongan satunggal | kontrang-kantring pipisan kang dipun indhit | ana kang ngindhit lumpang ||

3. kancanira mara têtanya ris | iku apa ingkang sira gawa | Biyang Sablah sru wuwuse | iki pipisan watu | lan gandhike kang ingsun indhit | bok ana saba paran | iya manggih angluh | mulês ngêlu ingkang sirah | kangjêng ratu karsa mipis-mipis pilis | ywa nganti kêlayaban ||

4. kang sawiji nulya dèn takoni | ingkang sira indhit iku apa | Biyang Sablu lon saure | pan iki lumpang watu | pramulane iki ngong indhit | yèn ana saba paran | lamun kangjêng ratu | iya karsa dhahar rujak | aja nganti kêrabyakan nyilih-nyilih | marang uwong ing desa ||

5. putranira wau sri bupati | kalih èstri wus sami diwasa | tur sami ayu warnane | Ratu Kancanawungu | kang satunggal Kancanasasi | punika kang taruna | ing jagad pinunjul | warnane sang lir kusuma | anèng ngarsa kalihe sang rajaputri | sami lara karuna ||

--- 3 : 169 ---

6. angandika wau sri bupati | sira nini karo ingsun tinggal | anèng jroning pura kene | rêbutên nêgaramu | ing Mêntaram mung sira gusti | aja sira sungkawa | pisah lawan ingsun | sang rêtna sarêng miyarsa | lara-lara anangis ajêrit-jêrit | têmahan akantaka ||

7. sri narendra angandika aris | marang êmban tuwin babu inya | ing cèthi parêkan kabèh | dèn bêcik sira tunggu | mring gustimu anèng jro puri | tan nêmu siya-siya | kabèh sira iku | apan uwis lumrahira | wong ambêdhah nêgara ingkang pinurih | boyong putrining nata ||

8. malêm Ngahat tanggalira kaping | pitu likur nuju wulan Sawal | ingkang lumampah taun Be | kala môngsa suryèku | bêdhahira nêgri Mêntawis | risake punang praja | kèngsêrnya sang prabu | nulya wau sinêngkalan | ing Mêntaram sirna ilang rasèng bumiSengkalan: sirna ilang rasèng bumi (Ngahat, 27 Sawal 1600 A.J.). | dalu budhal sang nata ||

9. apuyêngan sajêroning puri | swarèng tangis lir pendah ampuhan | pating tarunjang polahe | bêkta sakêlaripun | dunya brana sajroning puri | tambuh-tambuh polahnya | jawining kêdhatun | wisma kathah ingobongan | wong Mêntaram prasami arêbut urip | ana tan mikir dunya ||

10. amung mikir anak lawan rabi | kang ginendhong anake satunggal | ingkang satunggil pinondhong | ingkang kalih alungguh | anèng pundhak ing kanan kèri | kang wadon ngêmban anak | ingkang lagi nusu | lan gendhong anak sapihan [sa...]

--- 3 : 170 ---

[...pihan] | kang wus gêdhe nênêm prasami kinanthi | anake siji ilang ||

11. ingkang wadon alon dènnya angling | dhuh wong lanang nakmu siji ilang | kang lanang alon saure | ilang cikbène iku | gawe apa bocah sawiji | agawe manèh gampang | yèn isih sirèku | payo lumaku sing kêbat | ngarêp kono gawe anak manèh bêcik | môngsa ta tan dadia ||

12. sok isiha bibite sirèki | kang sawênèh ngulari rabinya | wantu solah wong akèhKurang satu suku kata: wantu solahe wong akèh | ana pisah lan kakung | panggih lan kang ngulari rabi | wong wadon ngrangkul sigra | panyikêpe kukuh | kakang bagus inggih kula | kakang kakang benjing kartaning nêgari | dhuh kakang akawinan ||

13. suprandene inggih laki mami | layak modar dikêpruk wong Sampang | sênadyan uripa têmbe | kêlaha mring pangulu | gampang kakang kawula mukir | kula botên rumôngsa | darbe laki niku | mung dika laki kawula | môngsa dadak pangulu bisa ngukumi | jêjêr dika laki kula ||

14. kalih kakang lakiku madati | botên pisan marduli ing kula | gih ta namung bêdudane | kinudang rintên dalu | dika kang kula ladèniKurang satu suku kata: dika ingkang kula ladèni | sampun mawi sumêlang | sakarsa ngong turut | sênadyan rintên dalua | botên pisan kakang kula angoncati | ngladosi karsa dika ||

15. warna-warna solahing pawèstri | kang sawênèh parawan kapisah | kêlawan bapa [ba...]

--- 3 : 171 ---

[...pa] biyunge | sêdyanira angluru | bapa biyung nèng marga panggih | kêlawan bajag Sampang | bok pêrawan ngrangkul | kinira yèn bapakira | anèng ngriku bok prawan dipun tandangi | marang ing bajag Sampang ||

16. amêrngingis bok prawan kacêlik | angartika sajroning wardaya | wêruha lamun mangkene | nora sudi angluru | bapa biyung apa kinardi | bok iya ngong mèlua | wong Sampang nak-enuk | warêg pangan warêg barang | kunêng wau solahe sagung pawèstri | warnanên sri narendra ||

17. amangulon wadya kang tut wuri | mring sang nata ingkang sugih anak | ing marga langkung susahe | ana ingkang pinanggul | myang ginendhong wênèh dèn indhit | dèn êmot ing turôngga | ting crêngkèng nèng ênu | laryalit kawêlasarsa | jaluk nusu ana ingkang jaluk warih | sawênèh jaluk sêga ||

18. kagegeran wisma dèn obongi | swaraning tangis lir pendah gêrah | awarna-warna sambate | sawênèh ana muwus | ingkang papat anakirèki | kang lanang saurira | ilang ora nakmu | asal kowe nora ilang | nora susah prandene iku yèn maksih | tan ngumani ga wadhang ||

19. aja dadi marasira iki | aku isih nonoman tur kuwat | agawea anak manèh | iya têka rong puluh | aku besuk ingkang nglironi | anakmu ilang papat | sun têmpuhi wolu | angèl apa gawe bocah | môngsa dadak ingsun [ingsu...]

--- 3 : 172 ---

[...n] nganti ngapirani | mungguh wong gawe anak ||

20. kawarnaa wau sri bupati | ingkang jêngkar anitih dipôngga | nèng marga sru musakate | nabrang Pêraga sampun | amangilèn sumêdya ngungsi | putra dhèrèk sêdaya | tan pisah sang prabu | kunêng gênti kawarnaa | Ki Tumênggung Mangkuyuda myarsa warti | yèn sang nata wus jêngkar ||

21. ngilèn nabrang ing Pêraga mangkin | sampun suwung salêbêting pura | sêksana parentah age | wadyabala sêdarum | kinèn manjing kitha prasami | lajêng sami ngêrayah | gègèr lir pinusus | Ki Tumênggung Mangkuyuda | ya ta lajêng umanjing sajroning puri | siniwêr wong jro pura ||

22. sang rêtna yu kêkalih wus eling | wikan lamun kang rama wus jêngkar | alara-lara tangise | sambat dhuh rama prabu | kaningaya rama wak mami | raganingsun tinilar | paran polah ingsun | gya Tumênggung Mangkuyuda | marêpêki manêmbah aturira ris | dhuh Gusti Jêng Ratu Mas ||

23. sampun paduka sungkawèng galih | kula punika apan dinuta | Madurêtna Sang Akatong | ambêdhah ing Mêntarum | jêng paduka kang dados galih | mugi sampun sungkawa | gusti kalihipun | saèstu lamun kagarwa | dhatêng Prabu Madurêtna ing Kêdhiri | tamtu kinarya jimat ||

24; sang rêtna yu kalih sangsayanjrit | nyai êmban amanggihi sigra | alon amanis têmbunge | lah iya Ki Tumênggung | Mangkuyuda ywa kadrêng runtik | pyarsakna atur kula | prakawis sang ayu |

--- 3 : 173 ---

punapyarsa dika bêkta | sang dyah kalih dhatêng nêgari Kêdhiri | môngsa inggih wandeya ||

25. jêng paduka sêdhiyaa nuli | titihane Sang Rêtna Juwita | jêmpana tandhu joline | kula ingkang angrapu | dhatêng gusti kusumèng puri | Tumênggung Mangkuyuda | alon aturipun | bok êmban inggih sandika | sigra mêdal tan adangu wangsul malih | sumaos kang jêmpana ||

26. nyai êmban umarêk sang dèwi | angrarêpa alon aturira | adhuh gusti nahing anggèr | dhaharên atur ulun | sampun kathah-kathah ginalih | mupusa karsèng Suksma | sampun pêsthinipun | sarira dados boyongan | pintên banggi raharja mulya pinanggih | suwawi linampahan ||

27. sang rêtna yu maksih lara nangis | nyai êmban wau ta sang rêtna | anulya pinondhong nyemot | minggah jêmpana sampun | babu inya pawongan cèthi | datan kari satunggal | tinumpakkên tandhu | sabêktane dunya brana | binudhalkên binêkta marang Kêdhiri | katur Ki Trunajaya ||

28. lan Pangeran Cakraningrat nênggih | wus kacêpêng sinarêngkên lampah | bandhangan mariyêm gêdhe | Kyai Wôngsapranèku | kang dinuta marang Kêdhiri | budhal saking Mêntaram | tan kawarnèng ênu | ing Kêdhiri sampun prapta | lajêng katur dhatêng Trunajaya nênggih | kêlangkung sukèng driya ||

29. ingkang sêpuh kusumaning puri | gya kagarwa marang Trunajaya | dene sang rêtna kang

--- 3 : 174 ---

anèm | pan arsa pinarunggul | nanging sang dyah dahat tan apti | Pangeran Cakraningrat | sagarwa myang sunu | punika kapêrnah paman | milanipun datan kolu amatèni | binuwang mring Lodhaya ||

30. Nyai Sêtomi kinirimkên aglisLebih satu suku kata: Nyi Sêtomi kinirimkên aglis | nênggih dhatêng Surabaya môngka | gêgaman kang jagi bètèng | kunêng gantya winuwus | ingkang wontên nêgri Mêntawis | Tumênggung Mangkuyuda | aparentah wau | mring Kyai Dhandhangwêcana | kinèn nusul lampahe sri narapati | kang lagya mangun brôngta ||

38. Asmaradana

1. Ki Mangkuyuda lingnya ris | hèh adhi Dhandhangwêcana | andika lumampah age | nusula sri naranata | ngirida wadya Sampang | tuwin Mêkasar puniku | budhala dintên punika ||

2. Dhandhangwêcana mangsuli | kang mêngku inggih sandika | sêksana têngara age | anabuh bêndhe angangkang | budhal wadya Mêkasar | kêlawan Sampang gumuruh | ya ta lampahirèng marga ||

3. kèh kêcandhak wong Mêntawis | saking sangêt gugupira | wong Mêntaram ting kathèthèr | pinikut dhatêng wong Sampang | tuwin wadya Mêkasar | tinalikung ting parkungkung | bêbandan pating karêncang ||

4. wus binônda dèn dhèdhèli | puniku lamun wong lanang | dene kêlamun wong wadon | lajêng sami jinamahan | saênggone kêpanggya | wong Mêntaram sêdayèku | mêlasasih sêsambatnya ||

5. wadon siji dèn kanêmi | ana kinarubut sanga | sawênang-wênang polahe |

--- 3 : 175Halaman 175-180 hilang.---

[...] |

--- 3 : 181 ---

39. Sinom

1. [...] | para putra têtiga | sêkawan lawan kang rayi | ingkang dèrèng pikantuk nama pangeran ||

2. sampun amiyarsa warta | kang rama sampun ngêmasi | dahat ing sungkawanira | têmah madêg surèng galih | arsa ngrêbat Mêntawis | Gajah Pramada ranipun | punika kang tut wuntat | ngawula mring rajasiwi | Pangran Pugêr kêlangkung sungkawèng driya ||

3. ing dalu sare supêna | panggih kang rama sang aji | katingal sajro supêna | kang rama dhawuhirèki | hèh balia nak mami | rêbutên nêgri Mêntarum | madêga ana Jênar | samêngko wus mangsanèki | kagèt wungu katongton supênanira ||

4. ngandika marang punggawa | utawi kang para mantri | miwah sagunging wong tapa | tuwin para tabid-tabid | karsanira sang pêkik | arsa jumênênga ratu | sinêmbah ing ngalaga | ature kang para mantri | para tapa punggawa jumurung karsa ||

5. ya ta lajêng ingestrenan | dènira jumênêng aji | pêparabira Narendra | Senapati ing Mêntawis | ing Ngalaga Sayidin | Panatagama puniku | kêkutha anèng Jênar | Purwagônda ingkang nami | nulya donga wau kang para pandhita ||

6. amine gumêr gumêrah | wus sirêp kang sami amin | mangkana sri naranata | anulya jêngkar siniwi | mêsanggrahan sang aji | kunêng wau kang winuwus | kang sami kantun kitha | Radèn Wiratarunèki | Radèn Rôngga tanapi para punggawa ||

7. miwah pra mantri prameya | tumênggunge ingkang kari | Kiyai

--- 3 : 182 ---

Gajah Pramada | lawan tiga ingkang rayi | wong Bagêlèn prasami | kinulawisudha suyud | limanira sang nata | tinilar anèng ing margi | pinurugan sampun prapta anèng Jênar ||

8. kunêng mangke kawarnaa | wadya Madura winarni | Tumênggung Dhandhangwêcana | punika tindhihing baris | ingkang kinèn nututi | ing lolosira sang prabu | kandhêg samadyanira | anèng Jagabaya baris | solahira kêlangkung sawênang-wênang ||

9. Kangjêng Sunan ing Ngalaga | parentah wadyanirèki | samêkta gêgaman yuda | anulya têngara aglis | bêndhe bèri tinitir | prajurit wus sami kumpul | budhal wadya pangarsa | Gajah Pramada nindhihi | Sri Narendra Prabu Ngalaga nèng wuntat ||

10. rêspati nitih dipôngga | ginarêbêg pra prajurit | anèng marga kang dipôngga | jêrum tan bisa lumaris | gajah lajêng ngêmasi | angganya sêdaya rêmuk | sang nata gya prasapa | ing saturun-turun mami | aja ana kang wani nunggang dipôngga ||

11. sapa kang nunggang dipôngga | kênaa prasapa mami | sang nata mundhut turôngga | sêksana anitih wajik | lajêng têngara muni | pratôndha mangsah ing ripu | nulya para punggawa | tanapi prameya mantri | wong Bagêlèn tandange lir singa lodra ||

12. sami ngantêp ing ayuda | Dhandhangwêcana nadhahi | ngabani wadya Madura | Mêkasar môncanêgari | swaraning bêdhil muni | anglir pendah gunung guntur |

--- 3 : 183 ---

surakira wurahan | kadya rêbah kang wiyati | parêng nêmpuh langkung rame kang ayuda ||

13. arukêt tumbak-tinumbak | sawênèh kêris-kinêris | ana kang pêdhang-pinêdhang | ana kang bithi-binithi | jambak jênggid-jinênggid | kuwêl ulêng dadi gêlut | adangu long-linongan | sabên dina dènnya jurit | campuh ing prang nênggih anèng Jagabaya ||

14. wong Bagêlèn tinindhihan | dene sêntana Mêntawis | kèndêl prang dalu kewala | enjingira campuh malih | ya ta dalu winarni | Dhandhangwêcana arêmbug | lawan pangagêngira | Mêkasar môncanêgari | benjang enjang dawêg ngantêp ing ayuda ||

15. wadyabala ing Mêkasar | dadosa pêngawat kering | dene wadya ing Madura | inggih kang dhadhani baris | wadya môncanêgari | pangawak kanan puniku | sêdaya sami rêmbag | ya ta kawarnaa enjing | sigra nêmbang têngara umangsah yuda ||

16. Kangjêng Sunan ing Ngalaga | ingkang dadya senapati | utawa para sêntana | Radèn Wiratarunèki | Wiramênggala malih | Gajah Pramada Tumênggung | Pangeran Martasana | lan Pangeran Singasari | wus pinatah ngirid wadya sowang-sowang ||

17. gêlar lare gurdha nêba | enjinge têngara nitir | sumahab kang wadyabala | rame têmpuhing ajurit | wadya môncanêgari | Mêkasar Sampang kèh lampus | kèdêk kèlês ing yuda | tan pisan amôngga pulih | sami bubar baris lorode mangetan [mange...]

--- 3 : 184 ---

[...tan] ||

18. wadyabala ing Kalagan | sêdaya prasami ngungsir | wus nyabrang ing Jagabaya | wadya sami angsal ati | tandange saya wani | wadya Madura lumayu | tan mawi nolèh wuntat | ngungsi kutha ing Mêntawis | kawarnaa kang mêgatruh jroning pura ||

40. Megatruh

1. Ki Tumênggung Mangkuyuda wus angrungu | yèn Sunan Ngalaga mangkin | kang rayi sêdaya tumut | murwèng prang dhatêng Mêntawis | sumêdya ngrêbat kêdhaton ||

2. wus misuwur wadyabala ing Mêntarum | anulya sowan prasami | wadyanira sangsaya gung | Jêng Sunan Ngalaga mangkin | wadya Mêntaram wus golong ||

3. sami ngumpul lawan barisira wau | lajêng ngangsêg ingkang baris | mêrpêki kitha Mêntarum | kunêng mangke kang winarni | kang anèng jroning kêdhaton ||

4. sami miris manahnya sêdayanipun | kang mêntas kaburu jurit | dene jawining kêdhatun | sêsêk jêjêl ingkang baris | Ki Mangkuyuda agupoh ||

5. gya parentah kinèn anutup pintuKurang satu suku kata: gya parentah kinèn anutupi pintu | sakèthènge kutha nênggih | kawarta sampun misuwur | Sunan Ngalaga samangkin | karsa angrêbat kêdhaton ||

6. prajuritnya sakêlangkung agêngipun | manahira kêkês miris | rina wêngi eyang-eyung | têmahan lolos ing wêngi | Madura Mêkasar bodhol ||

7. tuwin môncanêgara wus sami kêbut | saking jro kitha Mêntawis | Tumênggung Mangkuyudèku | sawadya tan [ta...]

--- 3 : 185 ---

[...n] ana kari | mangetan dènira lorod ||

8. anèng marga lampahira rêbut dhucung | pêlayune kang wadya lit | ingkang sinêdya ing kalbu | jujug nêgari Kêdhiri | lan Trunajaya anggolong ||

9. kunêng mangke Sunan Ngalaga winuwus | kêlawan kang rayi-rayi | wus miyarsa wartanipun | jro kêdhaton sampun sêpi | sri nata lajêng ngêdhaton ||

10. tulus têtêp umadêg Natèng Mêntarum | amatah patih bupati | tuwin mantri prameya nung | sêdaya kang abdi-abdi | pininta dening sang katong ||

11. kathah prapta wadya kang ngili mring gunung | wana-wana jurang trêbis | têntrêm praja ing Mêntarum | mèstuti rèh sri bupati | anuju ari sawiyos ||

12. pan ing nguni dèrèng sinungan jêjuluk | samangke sinungan nami | dene Kangjêng Sang Aprabu | Pangran Arya Panulari | wontên sêntana sang katong ||

13. pan kinulawisudha jinunjung lungguh | Adipati Mangkubumi | Radèn Rôngga sisihipun | Dipati Martasanèki | Radèn Ônggayuda mangko ||

14. pan jinunjung sinêngkakakên ngaluhur | Pangran Natakusumèki | kinamal mangke jinunjung | kinarya pangulu masjid | ing karsanipun sang katong ||

15. wus misuwur wadyabala ing Mêntarum | sêdaya samya jrih asih | nglampahi agama tuhu | khukum adil dèn têtêpi | parentahira sang katong ||

16. langkung adil palamarta trusing khukum [khu...]

--- 3 : 186 ---

[...kum] | kala sêmana Mêntawis | tinrajang pagêring agung | larang udan larang bukti | sangêt wêwêlak kang dhawoh ||

17. yèn sinawang sêmune kang praja samun | sêmune maksih nglabêti | tilas nêgri mêntas rusuh | katutuh kathah pagêring | rusake sangsaya katon ||

18. kathah kere gumêlar anèng marga gung | kang sami nandhang sêsakit | kudhis barah miwah budhug | kathah warnaning sêsakit | gônda mis bacin bêlarong ||

19. kere pêjah bêlasah pinggir marga gung | tuwin anèng kali-kali | wit kirangan panganipun | tambuh polahe wadya lit | saking sru wêlak kang rawoh ||

20. sêdayane wadyabala ing Mêntarum | kêlangkung kawêlasasih | warna-warna sakitipun | pilêg gumigil panastis | kadhêmên lan lara encok ||

21. wadya alit akathah pating galuruh | sakit enjing sore mati | sakit sore esuk lampus | awit kakirangan bukti | wadya kèh kang sami layon ||

22. Adipati Martasana nandhang angluh | tan alami angêmasi | sarêng lawan arinipun | Pangran Singasari lalis | kunêng gênti winiraos ||

23. Jêng Pangeran Dipati mangke winuwus | sasedanira sang aji | tyasira sangêt anglalu | saking sangêting prihatin | karsanira sang wiranom ||

24. buwang dhiri tan nyipta ngrêbat kêprabun | arsa tindak munggah kaji | marang Mêkah sêdyanipun | punggawa sami gendholi | dhumatêng ing

--- 3 : 187 ---

narpa anom ||

25. datan keguh ginendholan pinrih atur | tan wontên ingkang kapusthi | gumantung sajroning kalbu | mung sêdyarsa munggah kaji | dhatêng Mêkah kang binatos ||

26. ingkang rema sêmana arsa cinukur | punggawa sangêt turnèki | Ki Martalaya Tumênggung | kang sarta kang abdi-abdi | prayogi jumênêng katong || ||

27. gumantosa rama paduka sang prabu | jêng pangran ngandika aris | iya bênêr turirèku | Martalaya sun saiki | tan sêdya umadêg katong ||

28. balik ingsun sira golèkna pêrau | sapira rêgane iki | kang paring dhuwit ya ingsun | kang patut ingsun tunggangi | lunga munggah kaji ingong ||

29. Martalaya asandika aturipun | ananging kawula gusti | inggih kalilana matur | saklangkung botên nyuwawi | jêng gusti karsa anglolos ||

30. kasatriyan karsa dados santri gundhul | padukarsa nglugas dhiri | lamun parêng sampun sampun | pun Martalaya nglampahi | pêjaha madyèng palugon ||

31. golang-galing Martalaya sirahipun | gusti ingkang kaping kalih | bab mêngsah dalêm pukulun | gusti sampun walanggalih | maskumambang kang gumantos ||

41. Makumambang

1. abdi dalêm ingkang tumangguh ing jurit | mêngsah Trunajaya | pun Martalaya tan ajrih | gadhaha êndhas salêksa ||

2. Trunajaya warnia buta sakêthi | rêmuk kasawurna | tugêl kabandhêmna gusti | kang abdi pun Martalaya ||

--- 3 : 188 ---

3. angandika wau Pangeran Dipati | ngong bangêt tarima | prasêtyamu marang mami | nging wêktu iki tan kêna ||

4. lamun sira amalangi karsa mami | sabab karsaningwang | durung sêdya mangun jurit | mung karsa kaji wak ingwang ||

5. lah ta nuli sira upayakna mami | prau kang prayoga | kang patut ingsun titihi | Martalaya aturira ||

6. dhuh pukulun kawula matur sayêkti | ing nêgari Têgal | wontên tiyang damêl gusti | palwa nanging dèrèng dadya ||

7. langkung sae kaantosa dadosnèki | ya ta Jêng Pangeran | Adipati ngandika ris | sun anti sadadinira ||

8. kêbatêna gonmu gawe palwa iki | ingsun arsa tindak | mring Banyumas angantèni | ya iku dadining palwa ||

9. sigra budhal wau Jêng Pangran Dipati | abdi kang kuttut wuntat | Môndaraka datan kari | sarawuhira Banyumas ||

10. jêng pangeran anjujug anèng ing masjid | wau jêng pangeran | manêngku ngêningkên galih | anêgês karsaning Suksma ||

11. nanging cipta tan angrasa darbe dhiri | anèng masjid sela | sawêg antuk pitung ratri | pan kalawan pitung siyang ||

12. amarêngi ing malêm Jumuwah ratri | lingsir dalu nulya | sare malumah sang pêkik | katingal sajro supêna ||

13. aningali blah pitu pisan kang langit | abêdhah nêrawang | anulya ana kaèksi | cumlorot saking awiyat ||

14. pan tumurun saukiran [sa...]

--- 3 : 189 ---

[...ukiran] agêngnèki | warna lir manusa | cahyane lir pendah sasi | mêncorong nuju purnama ||

15. pan katingal garuwung mustaka mêsjid | janma saukiran | kang cumlorot saking langit | tumêdhak anèng ngayunan ||

16. ya ta arsa cinandhak-candhak tan kêni | sigra malbèng grana | Pangran Dipati ningali | wontên kang wulan purnama ||

17. pan pêpitu cumalorot saking langit | umanjing ing jaja | kagyat wungu dènnya guling | raosing panggalihira ||

18. madêg sura èngêt yèn satriya luwih | asura wikara | mawêrit ing tanah Jawi | ciptarsa umadêg nata ||

19. amêngkoni ing nusa rat tanah Jawi | jêng pangeran lênggah | anèng sajêroning masjid | cahyane mancur gumawang ||

20. kang sêmana sumilak padhang arêsik | tur amawa teja | umadêg sumilak wêning | lir pendah wulan purnama ||

21. balêrêngên sêdaya ingkang ningali | Jêng Pangran Dipatya | amicorèng jroning galih | iya salawase ingwang ||

22. mangkenea ing rasane ati mami | mêsthi nora bêdhah | nêgaraningsun Mêntawis | wadyèngong tan nganti rusak ||

23. salin cipta Jêng Gusti Pangran Dipati | yèn mangkono ingwang | bêcik umadêg narpati | amêngku rat nusa Jawa ||

24. ora sida gon ingsun yun munggah kaji | bênêr aturira | Si Martalaya mring mami | tanapi para punggawa ||

25. ingsun kaji utawa madêg narpati | angrèh nusa Jawa | mungguh [mung...]

--- 3 : 190 ---

[...guh] ganjaraning kaji | mung tiba ingsun pribadya ||

26. lamun ingsun umadêga narapati | murakabi iya | maring wong sanusa Jawi | lan wus talitining kuna ||

27. kang sumare pan iya lêluhur mami | mêngku nêgri Jawa | awit rok amangun jurit | tapa tapaking warastra ||

28. jênêng ingsun yèn sida amunggah kaji | kalêbu ing nistha | tan jumênêng satriya di | sumingkir ing kautaman ||

29. putra nata suminggah amangun jurit | angrêbut nêgara | dadine satriya nisthip | kontap marang praja liya ||

30. ingèsêman satriya di lumuh jurit | arêbut nêgara | bênêr ingkang angèsêmi | satriya tan mikir gula ||

42. Dhandhanggula

1. ya ta wau Jêng Pangran Dipati | arsa madêg nata tanah Jawa | gumantya panjênêngane | ing rama kang wus surud | babêrkatan pusakèng aji | Kyai Gundhil rasukan | sêmana rinasuk | amangking Kyai Bêlabar | Kyai Baru ingêmbat nèng astanèki | saking jro mêsjid mêdal ||

2. lênggah dhampar pra punggawa nangkil | sakathahe ingkang wadyabala | angungun mulat gustine | cahya mancur sumunu | kadi wulan purnamasidi | kucêm kang sami seba | lir wulan mawêlu | kalawan kang ôndakara | rêbut sonar mawêlu kang ponang sasi | kasoran rêbut cahya ||

3. angandika Pangeran Dipati | dhatêng wau Kyai Môndaraka | tuwin dhatêng Ki Sêndhi lon | karone

--- 3 : 191 ---

wruhanamu | Môndaraka tuwin Ki Sêndhi | samêngko karsaningwang | ingong iki wurung | munggah kaji marang Mêkah | ingsun arsa amangun karaton maning | mangku rat nusa Jawa ||

4. kaya kêlar ingsun ing saiki | ngagêm tumbakku Ki Barukarna | hèh Môndaraka samangke | miwah Sêndhi sirèku | payo padha anduman kardi | hèh sira Môndaraka | lan Nirdakartèku | mênyanga ing Batawiah | katêmua lawan panggêdhe Kumpêni | mundhuta bantuning prang ||

5. sira padha mangkata saiki | atutura sun arsa mangun prang | lan wong Madura mungsuh ngong | kang nèng bang wetan iku | asandika nêmbah wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lampahira laju | Pangran Dipati ngandika | hèh ta Sêndhi Wiradi Ônggajayèki | sirèku lumakua ||

6. ingsun tuding lumakua nuli | marang Têgal sira katêmua | ya marang Martalaya ge | dhawuhna karsaningsun | mring Si Martalaya saiki | sun wurung marang Mêkah | mêngko ingsun ayun | amangun kêraton ingwang | arsa ngrêbut ing nêgara tanah Jawi | apan sira waraha ||

7. ingsun arsa umangkat tumuli | mêsanggrahan anèng kutha Têgal | lawan wêkas ingsun manèh | Si Martalaya iku | asaosa samêktèng jurit | lah wis sira mangkata | alèngsèr wotsantun | wus mangkat saking ngayunan | wontên malih abdi kadipatèn lami | aran Ki Pranataka ||

8. Si Gêndhayor arane

--- 3 : 192 ---

duk alit | kala umaksih amanakawan | jêng pangran ngandika alon | Gêndhayor ingsun utus | mring Cilacap golèka mangkin | kêmbang jayakusuma | sandika wotsantun | kang dinuta sami mangkat | marang Têgal gêlise carita prapti | anèng nêgari Têgal ||

9. duta tiga sêmana wus prapti | panggih lawan Kyai Martalaya | dhinawuhkên timbalane | ing mangke karsanipun | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | karsa amurwèng yuda | angrêbat kêprabun | Ki Martalaya miyarsa | sukèng driya tampi timbalane gusti | sigra angatak wadya ||

10. kinèn inggal dènnya nambut kardi | sanggrahannya Pangeran Dipatya | ing samêngko mèh rawuhe | lawan Kyai Tumênggung | Martalaya parentah aglis | pêpak punang gêgaman | sigra ki tumênggung | budhal mêthuk mring Toyamas | sampun dandan ambêkta pikul myang wajik | mangkat sarêng utusan ||

11. tan kawarna lampahirèng margi | sampun prapta anèng ing Toyamas | Ki Martalaya lampahe | lajêng sowan mangayun | dipun irid dhatêng Ki Sêndhi | Wiradi Ônggajaya | sampun munggèng ngayun | prasami atur pranata | angandika Jêng Gusti Pangran Dipati | dhatêng Ki Martalaya ||

12. abagea satêkanirèki | Martalaya nuwun sarta nêmbah | lajêng aturira alon | gusti salaminipun | Martalaya angarsi-arsi | ing karsa jêng paduka | umadêga ratu | amêngku rat nusa

--- 3 : 193 ---

Jawa | gumantosa ramanta kang sampun swargi | ngimami tanah Jawa ||

13. mila gusti kawula samangkin | raosing tyas kadi manggih rêtna | sawukir Mrapi agênge | kalawan malihipun | abdi dalêm kang kantun wuri | sami saos sêdaya | pêsanggrahan agung | Pangran Dipati ngandika | ingsun karsa umadêga narapati | nanging sira antèkna ||

14. anèng kene kang ingsun antèni | pan lakune Si MôndarakaKurang satu suku kata: apan lakune Si Môndaraka | Si Nirdakarti rewange | iku pan ingsun utus | mring Bêtawi marma sun anti | ana nêgaranira | ya pangantiningsun | wruhanira lakunira | Môndaraka kêlawan Si Nirdakarti | sun kon mring Batawiah ||

15. ingsun utus amundhut Kumpêni | pitulunge si gurnadur jendral | Ki Martalaya ature | yèn aparêng pukulun | ulun sangêt botên umiring | inggih lamun kenginga | sampun mundhut tulung | gusti dhumatêng Wêlônda | adatipun gusti kang bôngsa Kumpêni | akathah cidranira ||

16. wontêndene mêngsah dalêm gusti | mênggah tiyang Madura Mêkasar | sampun galih sumêlange | yèn taksih pun tumênggung | gusti sampun tumêdhak jurit | inggih pun Martalaya | kang tumangguh ripu | nanggulanga ing ayuda | kados kenging kapêrcados ing ajurit | anyêpêng Trunajaya ||

17. angandika Pangeran Dipati | iya bênêr iku aturira | nanging awak ingsun kiye | wus pinêsthi Hyang Agung | nora kêna owah lan gingsir |

--- 3 : 194 ---

iya duk jaman kuna | kala kangjêng ibu | ambobotakên maringwang | ingsun ana ing wawratan ênêm sasi | ibu marêk ing eyang ||

18. barêng ibu katingal anuli | eyang Sultan Agung pan agêpah | lênggahe nuli lumèngsèr | têka dhêdhamparipun | eyang ratu kulon ningali | yèn eyang sultan têdhak | sêmana umatur | eyang ratu mring hyang sultan | pan mangkana ature yang ratu nguni | sultan lah punapaa ||

19. sarêng ningali bok mantu prapti | dene tuwan têdhak saking dhampar | punapa ta wahanane | napa jrih mring bok mantu | eyang Sultan Mêntaram angling | mangkana ngandikanya | hèh ta ni mbok ratu | iku ta kawruhanira | kang dèn kandhut mantunira iku benjing | têmbe jumênêng nata ||

20. angrèhakên ya bala kêkalih | ingaranan kang bala bacingah | mulane sun têdhak age | dene luwih saking sun | adêgira narendra benjing | lah iku Martalaya | eyang dhawuhipun | tumungkul Ki Martalaya | pan rumôngsa kungkulan sabda sang pêkik | dadya sumanggèng karsa ||

21. riwusira pangran mituturi | mring Martalaya sêksana budhal | dhumatêng Têgal karsane | datan kawarnèng ênu | sampun prapta anèng ing Têgil | lajêng amêsanggrahan | sigêgên karuwun | kocapa Ki Môndaraka | Nirdakarti lampahe maring Bêtawi | panggih gurnadur jendral ||

22. wus binêktan kang wadya Kumpêni | pangagênge [panga...]

--- 3 : 194 ---

[...gênge] nênggih Tuwan Amral | Hèlduwèlbèh pêparabe | dene soldhadhunipun | paron wadya Mêkasar Bugis | kêkalih pangagêngnya | kang jaga pakewuh | awasta Kraèng Kêdhangkrang | Kraèng Naba kêkalih sami prajurit | ri sampuning mangkana ||

23. gurnadur jendral ngaturi kirim | warna-warna awarni busana | kabêkta ing salampahe | Ki Môndaraka wau | lawan sira Kyai Dakarti | ri sampunnya mangkana | têlas wulangipun | gurnadur mring Tuwan Amral | Hèlduwèlbèh anuli mangkat tumuli | lawan Ki Môndaraka ||

24. numpak palwa lumakyèng jaladri | tan kawarna lampahirèng marga | gêlise carita rawoh | muara Têgal labuh | jêngkar layarira giniling | ya ta Ki Môndaraka | mêntas saking laut | lajêng dhatêng pêsanggrahan | angaturi wuninga yèn angsal kardi | dhumatêng gustinira ||

25. sarêng katingal ingawe ngarsi | Môndaraka dhumatêng Pangeran | Dipati sigra lampahe | praptèng ngayunan sampun | Môndaraka nulya wotsari | darminta pilênggahnya | dèrèng kongsi matur | kasêlak pangran ngandika | Môndaraka apa sira olèh kardi | lakumu ingsun duta ||

26. Môndaraka umatur wotsari | saking bêrkat pangèstu paduka | pikantuk damêl dasihe | lampah ulun ingutus | ngêmban dhawuh paduka gusti | inggih gurnadur jendral | tan suwalèng kayun | asaos sumanggèng [su...]

--- 3 : 196 ---

[...manggèng] karsa | ulun mangke kabêktan wadya Kumpêni | sarêng lampah kawula ||

27. pangagênge ingkang anindhihi | pan Wêlandi ingkang ulun bêkta | wasta Amral Hèlduwèlbèh | wondene kanthinipun | kang minôngka sosorannèki | inggih wadya Mêkasar | pangagêng wastèku | awasta Kraèng Kêdhangkrang | sisihipun punika ingkang anami | awasta Kraèng Naba ||

28. dene mangke kang wadya Kumpêni | maksih sami kèndêl nèng muara | jêng pangeran ngandikane | ya timbalana iku | Môndaraka lah dipun aglis | konên munggah dharatan | wong Wêlônda iku | manira arsa uninga | Môndaraka tur sêmbah nulya lumaris | dhumatêng ing muara ||

29. sapraptaning muara wus panggih | Amral Hèlduwèlbèh dhinawuhan | jêng pangeran timbalane | sigra umangkat gupuh | saking laut mring dharat nuli | sapraptanirèng dharat | kerid lampahipun | lajêng dhatêng pêsanggrahan | sarêng prapta Hèlduwèlbèh anèng ngarsi | sami ngadêg kewala ||

30. pangadêge sarwi ngêmpit topi | ya ta kangjêng pangeran ngandika | mring Môndaraka pitakèn | apa karane iku | Môndaraka Wêlônda iki | têka ngadêg kewala | ngêmpit topinipun | dene nora gêlêm sila | nèng ngarsèngsun Nirdakarti awotsari | pukulun kang mong brôngta ||

43. Asmaradana

1. sampun adatipun gusti | wontên griyanipun ngrika | inggih [ing...]

--- 3 : 197 ---

[...gih] mêkatên urmate | jêng pangran gumujêng suka | ningali mring Wêlônda | sêmana sarêng andulu | Ki Tumênggung Martalaya ||

2. Amral sigra dèn parani | kinèn lungguh datan arsa | sigra tinêkak gulune | Amral matane ngantirah | sigra Ki Môndaraka | marani amisah gupuh | Amral alon aturira ||

3. lah kula punika kyai | ingkang bêkta prapta kula | dika mangke wusanane | ing mangke manggih sangsaya | paran ing karsa dika | napa dika karya apus | punapa karya prayoga ||

4. karuhane awak mami | mangrêpa Ki Môndaraka | punika karêpe dhewe | Martalaya tanpa nalar | tan awit karsanira | jêng gusti kula kang nanggung | saèstu sae karsanya ||

5. Tuwan Amral tyasnya lilih | jêng pangeran sêmu duka | dhumatêng Martalayane | ya ta wau Tuwan Amral | manthuk ngêmpit topinya | sarwi lon dènira matur | dhumatêng kangjêng pangeran ||

6. kawula ingutus gusti | mring tuwan gurnadur jendral | anyaosakên tabike | kunjuk ing ngarsa paduka | Gusti Pangran Dipatya | ingkang kaping kalihipun | pun kaki gurnadur jendral ||

7. inggih nyaosi pakirim | nêmbêlas kas kang busana | awarni raja pangangge | dene kaping tiganira | kaki gurnadur jendral | inggih anyaosi bantu | soldhadhu kawan bêrgada ||

8. sakêpraboning ajurit | sakarsa tuwan angrèhna [a...]

--- 3 : 198 ---

[...ngrèhna] | mangrurah mêngsah kang abot | lêbura ayahan tuwan | Kumpêni tan suminggah | kawula pangagêngipun | pangeran alon ngandika ||

9. ya bangêt tarima mami | sih mulène kaki jendral | apa sun walêsna têmbe | bangêt kèh piutang ingwang | marang si kaki jendral | jêng pangeran sigra dhawuh | marang sira Môndaraka ||

10. êmonga marang Kumpêni | aja nganti kakurangan | panggonan lawan pangane | sandika Ki Môndaraka | gya bubar mêsanggrahan | siniwi ing enjingipun | punggawa lawan ngulama ||

11. suhada pandhita tabit | wus sami aglar nèng ngarsa | jêng pangran pangandikane | kabèh padha sêksènana | sun mêngko madêg nata | anggêntèni rama prabu | ngong nama Sunan Mangkurat ||

12. ing Ngalaga Senapati | Ngabdulrahman Sayidina | Panêtêg Natagamane | amangku rat nusa Jawa | sagung wadya sêdaya | prasami asaur manuk | anulya para pandhita ||

13. gya ngadêg andonga sami | sêdaya amin gumêrah | gumarênggêng suwarane | wus rampung dènira donga | Amral sigra tur urmat | bêdhile munya gumrudug | wong siji ping kalih wêlas ||

14. wus têtêp jumênêng aji | sang nata sigra parentah | padha èstrènana kabèh | samêngko Si Môndaraka | ngong karya patih ingwang | sun junjung lungguh tumênggung | Ki Tumênggung Môndaraka ||

15. kang dèn utus [u...]

--- 3 : 199 ---

[...tus] sri bupati | dhumatêng Nungsakambangan | mundhut kang sêkar wastane | jayakusuma wus prapta | sarakit kang puspita | lajêng kunjuk sang aprabu | langkung suka sri narendra ||

16. ngraos tuk nugraha jati | sihing Suksmana jênêngnya | tanah Jawa sêdayane | wus kagêm anèng ing asta | suraosing wardaya | Kyai Pranataka wau | dhatêng kangjêng sri narendra ||

17. langkung kapracayèng wèsthi | sang nata asru ngandika | Si Pranataka samêngko | ingsun junjung linggihira | lan sun paringi nama | iku arane Tumênggung | Sidurêja aranira ||

18. Ki Sêndhi sun junjung linggih | arana Dêmang Ngurawan | Si Ôndakara samêngko | iku sun paringi nama | Ngabèi Wiradagda | Amral saklangkung jumurung | tuwin sagung pra niyaka ||

19. sumuyud wadya gêng alit | wong pasisir suyud samya | tuwin wadya Mêntarame | kathah ingkang sami prapta | ngawula sri narendra | dèrèng wontên sinung lungguh | Nirdakarti Ônggajaya ||

20. Kyai Wiradipa sami | rumêksa ing upacara | dadya sêmana sang katong | amundhut wadya ing Têgal | pitung atus kathahnya | kinarya andêling kewuh | winastan wong jagapura ||

21. wadya kadipatèn lami | kathah kang jinunjung lênggah | prasami alungguh lante | ingangkat anèng ing Têgal | sri nata wus utusan | pasisir kulon sêdarum | tinimbalan asebaa ||

22. dhumatêng nêgari Têgil [Tê...]

--- 3 : 200 ---

[...gil] | anuju sawiji dina | miyos siniwi sang katong | munggèng taratag wangunan | kang anèng ngarsa nata | Ki Môndaraka Tumênggung | lawan Arya Sidurêja ||

23. Wirawidagda Ngabèi | sang nata alon ngandika | Môndaraka ingsun kongkon | lan Si Arya Sidurêja | sirèku lumakua | pasisir bang kulon iku | kabèh sira atêlukna ||

24. prihên seba marang Têgil | dene kang kari nèng Têgal | ajagaa marang ingong | Urawan MadurêtnaKurang satu suku kata: pan Urawan Madurêtna | lan Tumênggung Ngawôngga | Môndaraka awotsantun | lawan Arya Sidurêja ||

25. sira gawaa prajurit | aja kuciwa nèng paran | dene wêkas ingsun manèh | ing Kêdhu sira êjuma | lawan nêgri Mêntaram | sapa kang ngrêngkuh kêdhatun | sandinên ingkang sanyata ||

26. mungguh kang wadya Kumpêni | nèng Têgal jaga maringwang | wis padha mangkata karo | sang nata amêsanggrahan | ya ta wau winarna | Môndraka Sidurêjèku | sawadya wus sami budhal ||

27. aglise carita prapti | lampahe anèng ing Kêndhal | ing ngriku wus suyud kabèh | Kaliwungu sami seba | sampun pinacak karya | lampahe lajêng mring Kêdhu | ing Kêdhu môngsa punika ||

28. wayang-wuyungan pan maksih | tan ana pangidhêpannya | prasami bingung manahe | sabêdhahe ing Mêntaram | wong bumi lan bumija | manahira maksih kuwur | bahak-binahak ambegal [ambe...]

--- 3 : 201 ---

[...gal] ||

29. mung Wôngsacitra Ngabèi | kang dadi gêgununganKurang satu suku kata: ingkang dadi gêgunungan | wong Kêdhu pangèdhêpane | tinurut saprintahira | sêmbada prawiranya | bawa lêksana tur têguh | marma sugih kanthinira ||

44. Kinanthi

1. kawarnaa kang lumaku | Sidurêja kang kinapti | anjujug anèng Kathithang | lampahira sampun prapti | lajêng tata pêsanggrahan | ya ta wau kang winarni ||

2. Ki Wôngsacitra angrungu | lajêng apradandan nuli | samêkta sugatanira | pêpikulanira gili | katur Arya Sidurêja | ya ta lajêng dèn timbali ||

3. sapraptanira ing ngayun | sangêt ngasorakên dhiri | sukèng tyas Arya Sidurja | wong kêdhu kathah kang prapti | suyud marang Wôngsacitra | mila Sidurja langkung sih ||

4. sigra atur priksa prabu | tur nuwala nyuwun idin | pan Kiyai Wôngsacitra | kinarya bêbundhêlnèki | wadya ing Kêdhu sêdaya | duta mêsat dhatêng Têgil ||

5. lajêng katur sang aprabu | kang nuwala tinumpèksi | sang nata kêlangkung suka | kang sêrat dipun wangsuli | kalilan panuwunira | pinaring lorodan nyamping ||

6. kang duta tinulak wangsul | ing Kathithang sampun prapti | panggih Arya Sidurêja | nuwala paring sang aji | tinampèn lajêng winaca | kang sarta lorodan nyamping ||

7. Arya Sidurêja kumpul | nèng pakuwon sawadyèki | andhawuhakên timbalan | padha kawruhana sami | timbalane

--- 3 : 202 ---

sri narendra | Ki Wôngsacitra saiki ||

8. sinêngkakakên ing luhur | jinunjung lênggahirèki | sarta pinaringan nama | Tumênggung Mangkuyudèki | ngrèh tanah Kêdhu samoa | sêdaya asaur pêksi ||

9. mèstuti dhawuh sang prabu | wus misuwur dèsi-dèsi | wong Kêdhu suyud sêdaya | tata sakèhing wadya lit | kunêng malih kang winarna | sagunging wadya pasisir ||

10. bang kulon seba sêdarum | dhumatêng nêgara Têgil | sampun agêng barisira | Sunan Mangkurat nèng Têgil | kunêng ingkang anèng Têgal | gêntia ingucap malih ||

11. wadya Madura winuwus | kang bêdhah Dêmak samangkin | apan ta punggawanira | aran Kyai Wangsènggati | Dêmak sawusira bêdhah | wong Madura ngrêrayahi ||

12. ingkang rinayahan wau | aran bêdhug prangwêdani | nanging duk kala sêmana | nêgri Dêmak wus winaris | pan sampun pinêcah-pêcah | lajêng tinanêman mantri ||

13. kathahe mantri wêwolu | sêdaya kawon ajurit | wus sami bubar lumajar | kunêng wau kang winarni | Jêng Suhunan ing Ngalaga | kang jumênêng ing Mêntawis ||

14. kangjêng sunan kang suwau | kagungan bumi kang miji | mantrine ran Martajaya | ing Têmpalong dèn griyani | kacarita sugih sanak | punika têdhakirèki ||

15. Gôndamastaka trahipun | Ki Martajaya miyarsi | duk prangwêdani rinayah | marang wong Sampang sêmangkin | mêpak gêgamaning

--- 3 : 203 ---

yuda | sêntana myang wadya dèsi ||

16. Ki Martajaya lingnya rum | kabèh sanak-sanak mami | padha ingsun ajak pêjah | nanggulang wong Sampang iki | yèn ingsun bisoa panggya | kalawan Si Wangsènggati ||

17. aja na kang milu-milu | sun papagne padha siji | sêdaya saur kukila | anulya umangkat aglis | datan kawarna ing marga | ngalun-alun Dêmak prapti ||

18. Ki Martajaya nèng ngayun | sarta lawunge pinandhi | asru dènnya sumbar-sumbar | payo kene Wangsènggati | yèn sira nyata prawira | payo tandhing padha siji ||

19. Kyai Wangsènggati ngrungu | nyandhak lawunge pinandhi | ngalun-alun sampun prapta | sapa nantang marang mami | sru angling Ki Martajaya | sira kang ran Wangsènggati ||

20. samêngko sira katêmu | lawan aku padha siji | payo kene têkakêna | sabudimu sun kêmbari | Wangsènggati sigra numbak | ginêbang lawung kêbalik ||

21. adangu lantaran lawung | tan ana kuciwa kalih | rêmpu watang kalihira | buwang watang narik kêris | asuduk-sinuduk gantya | sadina dènira jurit ||

22. ngantya kasaput ing dalu | lajêng pisah dènnya jurit | lajêng mantuk Martajaya | sarêng prapta wismanèki | nulya sami pirêmbagan | lawan kadangira kari ||

23. kang rayi alon umatur | kakang kula suka peling | prakawis andika pêrang | sintên ingkang angidèni | yèn kalah pêrang sampeyan | saèstu

--- 3 : 204 ---

nêmahi pati ||

24. yèn sampeyan mênang pupuh | sintên kang narimèng kardi | kakang yèn suwawi karsa | asowan dhatêng Mêntawis | dhatêng Pangran Pugêr seba | kang raka lingira aris ||

25. adhi ya bênêr sirèku | nanging mêngko karêp mami | bêcik seba marang Têgal | seba ing Pangran Dipati | kang rayi alon lingira | lah punika kadipundi ||

26. karsa sampeyan puniku | Jêng Gusti Pangran Dipati | inggih dede kang muktèkna | Pangeran Pugêr ing nguni | ingkang muktèkkên sampeyan | kang raka sumaur bêkis ||

27. wis aja maoni aku | turutên karêpku adhi | payo nuli padha mangkat | ya ta lajêng budhal sami | datan winurcitèng marga | sampun prapta nêgri Têgil ||

28. lajêng umarêk ing ngayun | sapraptanira ing ngarsi | sang nata sarêng tumingal | kagyat angandika aris | Martajaya sira prapta | ingutus paran mring yayi ||

29. Martajaya nêmbah matur | sowan kawula jêng gusti | ing ngarsa paduka nata | pikajêng ulun pribadi | sêdya ngabdi sri narendra | tumêngèng padanta gusti ||

30. dasih nata kêlangkung sru | kumacèlu anglampahi | ayahan paduka nata | lêbura awor pratiwi | rêmuka kasawurêna | tugêla pucungna gusti ||

45. Pocung

1. pêjah gêsang kawula ing mangke kunjulkunjuk | ing ngarsa paduka | sumôngga angrèh ing dasih | mila ulun nyaosakên pêjah gêsang ||

2. dene ulun inggih gusti

--- 3 : 205 ---

kamipurun | ngrumiyini yuda | mêngsah tiyang Sampang gusti | ingkang ngadêg wontên ing nagari Dêmak ||

3. pan sadintên gèn ulun ngadoni ripu | sarêng surup surya | kawula bibar ajurit | botên awit inggih saking ajrih kula ||

4. ulun èngêt dèrèng antuk sabda prabu | mila ulun gêpah | marêk ngarsa paduka ji | sri narendra miyarsa kêlangkung suka ||

5. Martajaya ing Dêmak sêmangke iku | sun paringkên sira | anuli balia aglis | ya êlarên jajahan nêgara Dêmak ||

6. tur sandika Martajaya awotsantun | lèngsèr saking ngarsa | datan kawarna ing margi | sampun prapta anèng ing nêgara Dêmak ||

7. kunêng malih gêntia ingkang winuwus | kangjêng sri narendra | kang anèng nêgara Têgil | siniwaka munggèng ing tarub wangunan ||

8. pêpak andhèr para tumênggung sêdarum | Amral anèng ngarsa | ya ta wau sri bupati | angandika dhumatêng ing Tuwan Amral ||

9. kayaparan iki Amral pirêmbugmu | matur Tuwan Amral | sang nata bilih marêngi | ulun bidhal rumiyin anèng Jêpara ||

10. ingkang jagi ing karsa paduka prabu | wontên nêgri Têgal | kula nyaosi Kumpêni | pitung dasa sumôngga karsa narendra ||

11. sri narendra lon pangandikanipunKurang satu suku kata: sri narendra alon pangandikanipun | ya luwih prayoga | sira Amral sun paringi | kanthi ingkang mèlua marang ing sira ||

12. Si Tumênggung Martalaya [Mar...]

--- 3 : 206 ---

[...talaya] ing Mêntarum | kalawan Si Wija | ajaga marang sirèki | lamun ana kakuranganmu nèng paran ||

13. Tuwan Amral sandika gya lèngsèr sampun | bupati tut wuntat | sigra numpak palwa aglis | tan kawarna nèng marga praptèng Jêpara ||

14. labuh jangkar layare sampun ginulung | kang umêntas dharat | Martalaya andhingini | lan Ki Wija wus panggih lan Wôngsadipa ||

15. dhinawuhkên timbalan sêdaya prabu | Kyai Wôngsadipa | kêlangkung sukaning galih | Wôngsadipa sapraptane Tuwan Amral ||

16. ya ta mêntas Tuwan Amral saking laut | Wôngsadipa panggya | anulya tata alinggih | Tuwan Amral têtanya mring Wôngsadipa ||

17. kyai mangke wontên pundi ingkang mungsuh | matur Wôngsadipa | Jagadhayoh dunduk ing nguni | nanging mangke wus kesah botên kantênan ||

18. awit kula mriyêmi saking ing gunung | dene rencang kula | tiyang Prasman lawan Inggris | ingkang sami dagang wontên ing Japara ||

19. malah mangke inggih maksih sami tugur | Inggris lawan Prasman | Amral kagyat amiyarsi | Inggris Prasman dene iku dadi rewang ||

20. Tuwan Amral amicorèng jroning kalbu | angur kelangana | wang ja nganti direwangi | aja katon Inggris Prasman ana Jawa ||

21. yèn kunjuka iku marang sang aprabu | abêbancang lampah | wusana ngandika aris | Tuwan [Tuwa...]

--- 3 : 207 ---

[...n] Amral dhumatêng ing Wôngsadipa ||

22. dika undang Inggris Prasman dhatêng ngayun | tan adangu prapta | lajêng sami tata linggih | angandika Amral dhatêng Inggris Prasman ||

23. paran karsa padha anèng kene iku | Inggris lawan Prasman | alon dènira mangsuli | lampah kula gih namung sumêja dagang ||

24. ya ta alon Tuwan Amral dènnya muwus | wus padha katrima | lakumu têtulung jurit | iya marang kangjêng sultan ing Mêntaram ||

25. lah ta iki pêparingira sang prabu | ganjar marang sira | uwang rong lêksa ya iki | nanging mêngko dhawuhe sri naranata ||

26. marang sira amulia sakancamu | aja anèng Jawa | wong Inggris Prasman nauri | gih sandika nanging mangke kula sambat ||

27. palwa kula mangke dèrèng wontên wangsul | ngantukkên dagangan | Tuwan Amral amangsuli | iya ingsun ingkang asung palwa sira ||

28. aja watir sêksana sinung pêrau | Inggris miwah Prasman | wau ta sampun atampi | nanging dèn bur Wêlônda pêraunira ||

29. kasinungkên lajêng budhalan sêdarum | Inggris tuwin Prasman | anumpak ing palwa nuli | daut jangkar sigra babar layar nêngah ||

30. sarêng prapta anèng satêngahe laut | kèrêm palwanira | Inggris Prasman sami mati | datan wontên kang sagêd gambuh nèng toya ||

46. Gambuh

1. kunêng gênti kang winuwusLebih satu suku kata: kunêng gênti winuwus | ingkang anèng ing Têgal ArumKurang satu suku kata:ingkang anèng inggih Têgal Arum |

--- 3 : 208 ---

Jêng Sinuwun Mangkurat miyos siniwi | kêsaru ing praptanipun | carakanira sang katong ||

2. ingkang saking ing Kêdhu | Sidurêja gya tumamèng ngayun | matur nêmbah pukulun sri narapati | sêdaya sampun asuyud | wadya pasisir bang kulon ||

3. ngandika sang aprabu | Môndaraka mêngko karsaningsun | arsa budhal Jêpara ingsun tindaki | nuli parentaha iku | Môndaraka wadyaningong ||

4. sandika aturipun | jêngkar makuwon sang prabuKurang dua suku kata: sigra jêngkar makuwon sang prabu | Môndaraka undhang siyaga ngajurit | wadya gung sampun akumpul | myang upacara kêprabon ||

5. muni têngaranipun | sigra budhal kang baris pangayun | kang daludag lêlayu bandera asri | tuwin ingkang umbul-umbul | asri dinulu saking doh ||

6. swaraning wadya gumuruhLebih satu suku kata: swara wadya gumuruh | lir ombake môngsa kapituKurang satu suku kata: lir ombake môngsa kang kapitu | ambarungan swaraning turôngga muni | lampahe sajuru-juru | wijang-wijang tan kêna wor ||

7. nitih kuda sang prabu | songsong kuning pinêrada abyur | upacara ngapit-apit ngarsa wuri | lampahira pan anglarug | Pêkalongan sampun rawoh ||

8. rêrêp wadya sang prabu | animbali Môndaraka sampun | praptèng ngarsa ngandika sri narapati | Môndaraka karsaningsun | mungguh iki tindak ingong ||

9. arsa miyos ing laut | mêtu dharat akèh rubêdipun | marma mêngko sira sêdhiyaa nuli | pêrau sakira patut | amot [a...]

--- 3 : 209 ---

[...mot] iki wadyaningong ||

10. aja na kari iku | bisaa kabèh kamot pêrau | Môndaraka sandika sigra wotsari | prapta jawi prentah gupuh | ing dhawuhira sang katong ||

11. tan alami wus kumpul | nèng muara ajibêg kang prau | warna-warna Môndaraka tur udani | sêdayane sampun kumpul | ing karsanipun sang katong ||

12. pukulun sampun kumpul | wontên muara sagung pêrau | angandika wau kangjêng sri bupati | padha undhangêna gupuh | marang ing palwa kang amot ||

13. kêprabon prang lan sangu | sampun rampung timbalan sang prabu | Môndaraka sandika undhang tumuli | tan winarna roncanipunroncènipun | sêdaya wus sami momot ||

14. sang nata nitih prau | Kumpêni nunggal lan sang prabuKurang satu suku kata: Kumpêni nunggal lan sang aprabu | daut jangkar babar layar mangkat aglis | sigêgên kang anèng laut | gênti mangke winiraos ||

15. Martanaya winuwus | apan ing nguni gih abdinipun | Jêng Pangeran Adipati ing Mêntawis | pisahira lan sang bagus | bêdhahe Mêntaram rusoh ||

16. ngungsèkkên uripipun | anèng Sêmarang narima nganggur | mung gustine Pangran Dipati inganti | panggonane ingkang tamtu | yakine ingkang pawartos ||

17. Martanaya anuju | alungguh kêlawan anakipun | Martanaya alon wau dènnya angling | kulup ingsun iki ngrungu | ing samêngko kang pawartos ||

18. Pangran Dipati tamtu | anèng Têgal [Tê...]

--- 3 : 210 ---

[...gal] ya jumênêng ratu | atmajane alon dènnya anauri | punika apan saèstu | ing wartos mangke wus bodhol ||

19. dhatêng Jêpara nglurug | sri narendra inggih miyos laut | ya ta gugup Ki Martanaya nauri | yèn kaya mangkono kulup | payo amêthuk sang katong ||

20. lajêng rumanti suguh | sigra mangkat anumpak pêrau | praptèng têngah lajêng numpak palwa aglis | nyaoskên pisêgahipun | sang nata kagyat duk anon ||

21. Martanaya umatur | adhuh gusti kawula pukulun | pêjah gêsang kawula kunjuk jêng gusti | katuwêka siyang dalu | pun dasih dhatêng rumojong ||

22. wit ulun kamipurun | saos unjuk ing ngarsa sang prabu | parêng datan parênga kawula ngabdi | sang nata ngandika arum | prasêtyanira maring ngong ||

23. iya tarima ingsun | balik ta sira manira dangu | salawasmu iya sira anèng ngêndi | sapisahira lan ingsun | Martanaya matur alon ||

24. ulun gusti dhêdhukuh | wontên Sêmarang dhawuh sang prabu | aja mèlu sira marang laku mami | karia Sêmarang iku | nênuwuna ing Hyang Manon ||

25. yèn ta kêlakon ingsun | amêngku rat tanah Jawa besuk | ing Sêmarang sun ganjarakên sirèki | wis muliha ingsun banjur | marang Jêpara lungandon ||

26. Martanaya wotsantun | sampun mudhun saking ing pêrau | kang palwa [pa...]

--- 3 : 211 ---

[...lwa] gêng anulya layar tumuli | datan kawarna ing ênu | muara Jêpara rawoh ||

27. Amral sampun amêthuk | Wôngsadipa Martalaya iku | myang Wiraja sang nata wus têdhak aglis | wus prapta dharat sang prabu | lajêng wau amakuwon ||

28. ingkang dhèrèk sang prabu | Martalaya Têgal atut pungkur | lajêng tata pakuwon para dipati | mangkana wau winuwus | nulya adhawuh sang katong ||

29. Wôngsadipa sirèku | angêlara jajahanirèku | asandika Ki Wôngsadipa nulya glis | nêlukkên wong dhusun-dhusun | sawiji tan wontên mogok ||

30. mring Ki Wôngsadipa nut | saparentahe Wôngsadipèku | kiwa têngên Jêpara dumugi Pathi | prasami atur pisuguh | sami giris ing pawartos ||

47. Girisa

1. ing mangke têmah wus rata | sagunge wong desa-desa | miturut saprintahira | anulya Ki Wôngsadipa | wangsul umarêk sang nata | kunêng malih winurcita | ing Dêmak Ki Martajaya | lampahira sampun prapta ||

2. wontên nêgari Jêpara | lajêng umarêk sang nata | dinangu sasolahira | Martajaya aturira | ing Dêmak sampun wêrata | eca galihe sang nata | dene jajahan sêdaya | sadhatênge Wôngsadipa ||

3. sang nata alon ngandika | Môndaraka ing samangkya | kabèhe garwa manira | kang ana ing Têgal padha [pa...]

--- 3 : 212 ---

[...dha] | ngong timbali mring Jêpara | sandika mentar sêksana | aglising carita prapta | anèng ing Têgal sêmana ||

4. kunêng malih kang kocapa | sang nata miyos sineba | anèng nêgari Jêpara | pêpak kang para bupatya | nayaka aglar ing ngarsa | prajurit pêpak sêdaya | lan Amral sakancanira | kang para panggêdhe seba ||

5. Ki Môndaraka nèng ngarsa | Wôngsadipa Sidurêja | Martalaya Wiradagda | Angabèi Jagapatya | Dêmang Ngurawan Wiraja | Nirdakarti Sri Narendra | alon dènnya angandika | mring Ki Patih Môndaraka ||

6. ing mêngko Si Wôngsadipa | ingsun junjung lungguhira | dadi Tumênggung Jêpara | arana Ki Martapura | Si Jagapati ya uga | arana Sujanapura | dadi Bupati Jêpara | jajare Si Martapura ||

7. kêlawan Si Martajaya | iku sun paringi nama | Ki Tumênggung Suranata | nêgri Dêmak lungguhira | Si Jiwa sun sungi nama | Mangunonêng aranira | Tumênggung Pathi dadia | Nirdakarti ngong sung nama ||

8. Tumênggung Binarong rannya | Garobogan lungguhira | dene ta Si Martalaya | adipati anamaa | wus têlas abdi sêdaya | ingkang dhèrèk lara lapa | kinulawisuda samya | ya ta gênti cinarita ||

9. Ônggawôngsa Surabaya | kesah saking wismanira | numpal kèli lampahira | nusul dhatêng kakangira | Ônggajaya wastanira | dhatêng Jêpara wus panggya | apan ta Ki

--- 3 : 213 ---

Ônggajaya | angabdi sri naranata ||

10. sêmana Ki Ônggajaya | sadhatênge arinira | anèng ing nêgri Jêpara | ingaturakên sang nata | ngandikan marêk ing ngarsa | sarêng prapta pinariksa | Ônggawôngsa aturira | dhumatêng sri naranata ||

11. kapriye pawartanira | samêngko Si Trunajaya | Ônggawôngsa aturira | pukulun gusti sang nata | samangke pun Trunajaya | sampun amiyarsa warta | paduka wus madêg nata | arsa ngrêbasèng ayuda ||

12. angirid wadya Wêlônda | ing mangke pun Trunajaya | inggih sampun asêdhiya | kang badhe amêthuk yuda | pun Tumênggung Darmayuda | pun Galèngsong ing samangkya | kamantu mring Trunajaya | dhaup lawan anakira ||

13. atmaja ingkang anama | Rahadèn Ayu Surêtna | punika badhe mêthukna | Kumpêni ing yudanira | sang nata alon ngandika | hèh ya uwis Ônggawôngsa | luwih katarimanira | maring sun prasêtyanira ||

14. yèn arja laku manira | nêgara ing Surabaya | sun paringkên marang sira | samêngko karsa manira | ingsun mundhut karyanira | sirèku iya dadia | karta wêdana lakunya | Si Amral iku ngong duta ||

15. aju unduring ayuda | ya môngsa bodhoa sira | sandika Ki Ônggawôngsa | sang nata alon ngandika | Amral mêngko karsaningwang | Kraèng Kêdhangkrang ngong duta | nêlika mring Surabaya | Amral umatur sumôngga ||

16. ing

--- 3 : 214 ---

karsa sri naranata | Kraèng Kêdhangkrang mangarsa | sang nata alon ngandika | sira lumawa dutaKurang satu suku kata:sira lumakua duta | lan Si Galèngsong têmua | pulutên atine iya | ya ingsun kanthèni sira | Si Mirmagati mèlua ||

17. iku amangrêti basa | lima lan kalawan iya | Si Martapura mèlua | lan manèh Si Martalaya | manêmbah kang sinung sabda | lèngsèr umangkat sêksana | prasami anamur kula | datan kawarna ing marga ||

18. ing Kêdhiri sampun prapta | Kraèng Madhangkrang sêmana | ngupaya sampun kapanggya | Galèngsong sampun waspada | kêlamun kadange tuwa | lajêng rinangkul sêksana | tangise kadya wanodya | Madhangkrang adrês kang waspa ||

19. Kraèng Madhangkrang lingira | dhuh yayi gusti manira | aja ta sira daruna | yayi mas wêruhanira | gonku têmu lawan sira | wus lawas ingsun upaya | samêngko awak manira | angabdi Natèng Mêntaram ||

20. mulane ngong têmu sira | dinuta sri naranata | sira tinimbalan nata | Galèngsong aris aturnya | kakang kadospundi kula | yèn tumuta sapunika | nanging ta atur kawula | saèstu manah kawula ||

21. sampun sumêlang sang nata | sungkêm kawula ing nala | tan mèngèng siyang dalunya | amung ta lair kawula | kula samar ywa kêtara | dhumatêng pun Trunajaya | Kraèng Madhangkrang miyarsa | ingkang rayi aturira ||

22. kêlangkung sukaning driya | wusana alon turira | yaiku [yai...]

--- 3 : 215 ---

[...ku] karsa narendra | Mêntaram Sri Naranata | yayi ujar kang mangkana | Galèngsong malih aturnya | benjing têmpuhing ayuda | saèstu ubanggi kula ||

23. saking wuri angamuka | kalawan sarencang kula | Galèngsong ningali ika | dhumatêng tiyang têtiga | ing manah sampun kaduga | Galèngsong nulya têtanya | dhuh kakang sintên punika | kang dhèrèk dhatêng andika ||

24. Kraèng Madhangkrang saurnya | dhumatêng ariniraKurang satu suku kata: dhumatêng ing arinira | iku kang têlu punggawa | lah ta yayi wruhanira | iya Kyai Mirmagatya | Galèngsong osiking nala | bayèki prajuritira | abdine sri naranata ||

25. sun sawang luwih prayoga | kaya tate mangun yuda | wong iki ingong wêtara | nora kalah padha janma | sri bupati ayudaa | kêlawan Si Trunajaya | Kraèng Madhangkrang lingira | poma ta wêkas manira ||

26. adhi dèn abêcik sira | lan maninge dèn sanyata | mungguh ing wicaranira | anadene adhi iya | manira bangêt pracaya | ya marang ing jênêng para | poma aja cidra sira | nanging sira dèn prayitna ||

27. wis ngong yayi lilanana | sapungkurku aja lena | wusira pamit sêksana | Kraèng Madhangkrang kralawankalawan | Mirmagati Martapura | tanapi MartalayaKurang satu suku kata: tanapi Si Martalaya | kumpul tan pisah wong tiga | Kraèng Madhangkrang kapatnya ||

28. nèng pinggir bêngawan prapta | wadya Madura uninga | ana wong Mêntaram prapta | anêlik ing lampahira |

--- 3 : 216 ---

mila ingadhang margaKurang satu suku kata:mila ingadhang ing marga | wong Sampang dupi waspada | kêlamun têlik sanyata | lajêng kinêpung sêksana ||

29. Kraèng Madhangkrang lampahnya | Ki Mirmagati asigra | Kraèng Madhangkrang cinandhak | bêngawan gung linumpatan | bêngawan anuju bêna | sabrang kulon sampun prapta | lampahira ngeca-eca | sinambi nginang kewala ||

30. alaju ing lampahira | datan kawarna ing marga | ing Jêpara sampun prapta | lajêng marêk ngarsa nata | wus katur sêdayanira | ing purwa madya wusana | sang nata sarêng miyarsa | tyasira sri naranata ||

31. kêlangkung marwata suta | ningali Kraèng MadhangkraMadhangkrang | saklangkung rênaning driya | utawi punggawa tiga | kang mêntas sami dinuta | sangêt pracayaning nata | madêg suraning wardaya | inggih ayuda kênaka ||

48. Pangkur

1. wau ingkang kawarnaa | Martalaya sadhatêngira nêlik | tansah sungkawa kêlangkung | kang dadya manahira | sri narendra tan adhahar aturipun | winawrat mêngsahing yuda | kaya nora dadi watir ||

2. mungguh panyiptaning nala | yèn mêngkono bae wong Madurèki | bobote amungsuh ratu | aku pan durung ulap | awuwuha wong Madura balanipun | tan susah nganggo Wêlônda | aku kêlar angêmbari ||

3. dene têka sri narendra | nora dhahar iya ing atur mami | beda apa karyaningsun | iya lawan Wêlônda | ing sêmune nora pracaya maringsun | lah ya uwis [u...]

--- 3 : 217 ---

[...wis] pedah apa | ingsun darma atut wuri ||

4. mulane ki adipatya | datan purun sowan awade sakit | ya ta katur sang aprabu | lamun Ki Martalaya | tekadira amêrkang karsa sang prabu | sang nata sampun uninga | saklangkung dènira runtik ||

5. hèh Martapura dhawuhna | iya marang Si Martalaya aglis | lamun wani iya iku | nglanggar Si Trunajaya | konên mangkat mring Kêdhiri mrêp ing ripu | tan susah kanthi Wêlônda | samêngko ingsun idini ||

6. sandika Ki Martapura | sigra lèngsèr lan Martalaya panggih | mawi angêrimong kampuh | bathuke pinilisan | Martapura dhawuhkên timbalan prabu | Ki Martalaya sandika | dhawuhipun sri bupati ||

7. nanging mugi uningana | ing samangke kula pinuju sakit | pan dèrèng sagêd lumaku | lampahe karsa nata | Martapura sêksana anulya wangsul | praptèng ngarsa sri narendra | umatur rèhnya tinuding ||

8. sang nata sangêt dukanya | angandika Martapura dèn aglis | anggawaa gêgamanmu | mring pondhok Martalaya | patènana samêktaa gêgamanmu | yèn ngamuk Si Martalaya | aja nganti nguciwani ||

9. Si Wiradipa mèlua | iku ingkang jênêngi ing sirèki | Martapura awotsantun | lèngsèr sing ngarsa nata | Wiradipa sarêng lèngsèr saking ngayun | praptèng jawi lampahira | saha gêgaman umiring ||

10. sapraptane pamondhokan |

--- 3 : 218 ---

Martapura Wiradipa tan kari | Martalaya sampun wêruh | baris pêndhêm wadyanya | winêtawis gêgaman wong kalih atus | sarta lan lêlurahira | wus sami angati-ati ||

11. sami ukiran kêncana | Pajajaran dene lêlurahnèki | baris jro pondhokanipun | praptane Martapura | Martalaya pan sampun angliga dhuwung | sinèlèh ngandhap kêlasa | pan Kasur wasiyat Têgil ||

12. dene Kyai Martapura | Jakatuwa arane kêrisnèki | Martalaya nuju lungguh | akêmul kampuhira | Martapura dhawuhkên timbalan prabu | hèh ta anak Martalaya | ingsun ingutus sang aji ||

13. mundhut pati uripira | Martapura sarwi anarik kêris | aran Jakatuwa wau | ature Martalaya | inggih dawêg sampun mawi dangu-dangu | Ki Martalaya wus yitna | dhuwunge pun Kasur aglis ||

14. sampun pinusthi ing asta | Martapura tan antara nglarihi | kêbat Martalaya nuduk | sarêng panyudukira | môngka kalih dadya sarêng pêjahipun | Martalaya sampun pêjah | Martapura angêmasi ||

15. rewange Ki Martalaya | ingkang aran wong barêng tandang nguni | sêksana sarêng angamuk | wong Jêpara sumahab | anadhahi wong Têgal pangamukipun | Ki Wiradipa kêbranan | dèn amuk marang wong Têgil ||

16. sampun katur mring sang nata | lamun wau Ki Martapura mati | kalih Martalaya sampyuh | sarêng ing pêjahira [pêjah...]

--- 3 : 219 ---

[...ira] | Wiradipa punika anandhang tatu | sangêt gêgêtun sang nata | mangkana ingkang winarni ||

17. sang nata sigra parentah | hèh ta Amral sira mangkata aglis | nglurug marang Surèngkêwuh | sang nata dhawuhira | wus binage sagunge wadya sêdarum | Kumpêni ingkang binêkta | miwah kang kantun ing wuri ||

18. sêpalih ingkang binêkta | ingkang kantun anèng wuri sêpalih | jagani karsa sang prabu | miwah wadya Mêkasar | pan pinalih sêmana ing pandumipun | kang sêpalih tumut Amral | sêpalih jaga sang aji ||

19. dene wau kang tinilar | Kraèng Naba kang jagi sri bupati | Kraèng Madhangkrang atumut | nglurug kalawan Amral | dene ingkang dados pangiriding laku | Ki Tumênggung Martalaya | kang saking nêgri Mêntawis ||

20. kêlawan Ki Ônggawôngsa | kanthinira sigra bubar tumuli | mêdal laut lampahipun | sami winot ing palwa | tan winarna lampahira sampun rawuh | muara ing Ngampèldênta | alabuh jangkar tumuli ||

21. punika Ki Ônggawôngsa | kang wuninga jajahan Ngampèlgadhing | miwah ing sêdayanipun | tanah ing Surabaya | datan samar sêdaya sagung pakewuh | mila lampahing gêgaman | tan alami nèng jêladri ||

22. sampun mudhun saking palwa | Tuwan Amral sawadyanya Kumpêni | mêsanggrahan dharat sampun | makuwon Ngampèldênta | wus tinata sêdaya pakuwonipun | sampun mubêng bitingira | sarta

--- 3 : 220 ---

mawi balowarti ||

24. kocapa wadya Madura | ingkang baris anèng ing Surawèsthi | sarêng wruh Wêlônda rawuh | kêkuwu Ngampèldênta | wong Madura sigra binantonan wau | Darmayuda Pasuruan | kang binantokakên baris ||

25. lan Kraèng Galèngsong sigra | ingkang kinèn bantu mring Surawèsthi | wus sami bêbiting kukuh | apan ajêng-ajêngan | wong Kumpêni ya kêlawan mungsuhipun | pan sampun rakit sêdaya | mariyêm mubêngi biting ||

26. mariyême wong Madura | kang dèn angge inggih Nyai Sêtomi | wus sami prayitnanipun | balanipun sêdaya | Ônggawôngsa ing dalu apan mêmandung | mring bètènge wong Madura | Nyi Sêtomi dèn malingi ||

27. malêbêt ing pamondhokan | Ônggawôngsa datan wontên udani | sêdaya sampun aturu | sagunge wong Madura | tan antara Nyai Sêtomi pinanggul | dhumatêng Ki Ônggawôngsa | mriyêm binopong pribadi ||

28. sêksana binêkta mêdal | kang mariyêm saking sajroning biting | ya ta lampahe lêstantun | sira Ki Ônggawôngsa | sampun dhatêng wontên ing pondhokanipun | lajêng panggih Tuwan Amral | tur uninga solahnèki ||

29. ing purwa madya wusana | langkung suka Tuwan Amral miyarsi | agoyang kêpalanipun | mariyêm wus pinarnah | panggenane jinaga marang soldhadhu | sangêt suraning wardaya | Tuwan Amral marentahi [ma...]

--- 3 : 221 ---

[...rentahi] ||

30. hèh sagunge wadyaningwang | wong Mêkasar Lônda dèn ngati-ati | iya mêngko pukul têlu | bêngi lah bêdhilana | karutugên mariyêm aja na nganggur | iku mungsuhira padha | aja nganggo dèn anggopi ||

31. sarêng prapta ing sêmaya | wayah pukul têlu bêngi nyumêdi | mariyêm lir gunung guntur | bêdhile bêrondongan | swara barung sêlomprèt kêlawan tambur | wurahan lir langit bêntar | pratôndha tan mundur jurit ||

49. Durma

1. malah kongsi bangun enjing dèrèng kêndhat | mimis kadi gurimis | tibèng bitingira | wadyabala Madura | giris manahira sami | ya ta lumajar | saking sajroning biting ||

2. pun Galèngsong kêlawan pun Darmayuda | lumayu saking biting | sawadyanya bubar | prasami rêbut ngarsa | Darmayuda playunèki | ingkang sinêdya | dhumatêng ing Kêdhiri ||

3. pun Galèngsong pêlayune anèng wuntat | rangu-rangu nèng margi | sêmana kêpanggya | Galèngsong ya kêlawan | Pangeran Tumapêl nênggih | pangran angucap | lah ta anêdha adhi ||

4. ngawulaa dhumatêng Raja Mêntaram | tunggala lawan mami | ngling Galèngsong mangkya | maksih èwêd tyas kula | kunêng kang kasoran jurit | gênti kocapa | Sunan Mangkurat nênggih ||

5. nèng Jêpara sampun rawuh garwanira | ingkang saking ing Têgil | ya ta sri narendra | sêmana aparentah | budhal dhatêng ing Kêdhiri |

--- 3 : 222 ---

mêdal ing dharat | mêsanggrahan ing Pathi ||

6. mung sêdalu enjing budhal sri narendra | aprang samargi-margi | lawan wong Madura | datan kandhêg nèng marga | sang nata prapta Kêdhiri | sawadyabala | sêmana lajêng mêrgil ||

7. sakilène bêngawan kang pêsanggrahan | wontên ing dhusun Pacing | mila anèng marga | rêmbên ing lampahira | Patih Môndaraka sakit | sangêt gêrahnya | kunêng mangke winarni ||

8. wontên ajar ing gunung Kêlut sêmana | cantriknya kawan dèsi | panggih Trunajaya | arsa umangsah yuda | amêthuk Natèng Mêntawis | sigra anabrang | dhatêng kilèn bênawi ||

9. wong Madura kathah sami atut wuntat | tanpa gêgaman jurit | mung mangsah lan tangan | puthut cantrik sêdaya | lajêng anêrajang wani | barisanira | Mangurawan lan Pathi ||

10. tinadhahan ki ajar sampun kabônda | lawan pitu kang cantrik | kang sami kabônda | kang tigang dasa tiga | sadaya prasami mati | wadya Madura | bubar larut prasami ||

11. ya ta lajêng ki ajar sami binêkta | ing ngarsa sri bupati | wus praptèng ngayunan | sang nata angandika | mêlaku rinuwat iki | sigra sang nata | ngasta Ki Barukuping ||

12. linarihan ki ajar jajane pêcah | niba lajêng ngêmasi | layonira musna | ngungun sri naranata | cantrik pitu dèn suduki | mring pangalasan | wus sami angêmasi [a...]

--- 3 : 223 ---

[...ngêmasi] ||

13. saya sangêt Môndaraka sakitira | nulya wau ngêmasi | Patih Môndaraka | wau kangjêng suhunan | kêlangkung sangêt prihatin | sawadyabala | bela sami prihatin ||

14. ya ta dhawuh sang nata mring Nrangkusuma | animbali Kumpêni | kang nèng Surabaya | tuwin wadya sêdaya | caraka umêsat aglis | glising carita | Tuwan Amral wus prapti ||

15. nèng Kêdhiri Pangran Tumapêl kalawan | Ônggawôngsa tan kari | lajêng marêk ngarsa | Tuw Amral turiraKurang satu suku kata: Tuwan Amral turira | ing samangke Surawèsthi | sampun wêtara | kagungan dalêm gusti ||

16. Nyi Sêtomi apan ta sampun kêpanggya | wontên barisannèki | tiyang ing Madura | kengingnya pinandungan | dhatêng Ônggawôngsa wêngi | ya ta ngandika | wau sri narapati ||

17. sun tarima Ônggawôngsa sêtyanira | marang ing jênêng mami | ya ta angandika | sang nata dhatêng Amral | tuwin mring punggawa sami | padha ngèstokna | samêngko karsa mami ||

18. sapatine Si Dipati Môndaraka | iku ingkang gumanti | dadi patih ingwang | marentah wadyabala | Anrangkusuma Dipati | pêpatih ngrèhna | sagunge wadya mami ||

19. atur sêmbah sagunge para punggawa | Tuwan Amral mèstuti | karsa sri narendra | tuwin para punggawa | sêdaya jumurung sami | wau sang nata | ya ta ngandika malih ||

20. hèh sakèhe wadyaningsun èstrènana | miwah Amral sirèki | ya Si Ônggawôngsa |

--- 3 : 224 ---

sun srahi Surabaya | lawan sun paringi nami | iku arana | Jèngrana Surawèsthi ||

21. sawusira sang nata dhawuh parentah | Radèn Nrangkusumèki | gumanti lênggahnya | Dipati Môndaraka | dadya patihnya sang aji | sagunging wadya | suka manahirèki ||

22. kawarnaa Ki Tumênggung Darmayuda | dènnya lumayu prapti | lan sawadyanira | lajêng tumamèng ngarsa | Prabu Madurêtna nênggih | alon ngandika | paran ta ing ajurit ||

23. Darmayuda alon wau aturira | nyaoskên pati urip | prakawis ngayuda | kawula dèrèng ulap | amêngsah wadya Kumpêni | tuwin Mêntaram | nadyan wêwaha malih ||

24. mila ulun lumajêng kasoran yuda | gusti ingkang dadya wit | putra sri narendra | Raja Galèngsong mangkya | tangkêpipun ing ajurit | akêmba-kêmba | wêtawis mirong kapti ||

25. botên sande ing têmbe têmpuhing yuda | saèstu makèwêdi | sarêng amiyarsa | Sang Prabu Madurêtna | saklangkung kagèt ing galih | sangêt ngungunnya | dangu datan kêna ngling ||

26. amiyarsa aturira Darmayuda | Kraèng Galèngsong mangkin | mirong ing wardaya | wusana angandika | Kraèng Galèngsong dèn aglis | lah timbalana | praptaa ngarsa mami ||

27. kaya ngapa iya iku rupanira | dene ta ngapirani | ya ta lumêksana | wau ingkang dinuta | lawan Galèngsong wus panggih | anèng ing marga | winawuhakên [wi...]

--- 3 : 225 ---

[...nawuhakên] aglis ||

28. timbalane Sang Prabu MadurêtnaKurang satu suku kata: timbalane Sang Aprabu Madurêtna | Kraèng Galèngsong aglis | sinrêg lampahira | ing Kêdhiri wus prapta | mring pondhok kang wadya mêrgil | Galèngsong inggal | sowan dhumatêng ngarsi ||

29. sampun prapta ing ngarsane Trunajaya | Raja Galèngsong aglis | gya cinêkêl sigra | sêmana wus binônda | Trunajaya ngandika glis | hèh sudukana | nulya dipun suduki ||

30. ajur amoh Galèngsong kuwandanira | sigra parentah aglis | Prabu Madurêtna | lah iku jisimira | lêbokna sumur dèn aglis | tan ana wikan | Mêkasar duduknèki ||

50. Dudukwuluh

1. kawarnaa wau Kangjêng Sang Aprabu | Mangkurat miyos siniwi | anèng ing pakuwonipun | pêpak sagung pra dipati | munggèng ngayunan sang katong ||

2. Tuwan Amral Hèlduwèlbèh munggèng ngayun | Anrangkusuma Dipati | Mangunonêng jajaripun | Pangalasan lawan malih | Wirawidagda Binarong ||

3. Ki Jangrana bupati ing Surèngkewuh | utawi liya-liyaning | aglar atap anèng ngayun | lênggah dhêdhampar sang aji | asri pacara kêprabon ||

4. angandika wau kangjêng sang aprabu | Amral mêngko karsa mami | payo padha mangsah ripu | ngrabasèng Trunajayèki | sabab ing panimbang ingong ||

5. uwis lawas wong cilik olèhe nganggur | tanapi para prajurit | nora angandoni pupuh | bok ta kaku

--- 3 : 226 ---

ing ajurit | amarga saking kuwayon ||

6. kayaparan mungguh sira panêmumu | Tuwan Amral matur aris | sumôngga karsa sang prabu | kawula sangêt umiring | ing karsa dalêm sang katong ||

7. mung punika bênawi plabuhan nuju | toyanipun sawêg banjir | yèn parêng karsa pukulun | gusti prayogi akardi | sasak ingkang apitados ||

8. abdi dalêm alit ing supadosipun | sagêd nabrang sêdayèki | angandika sang aprabu | iya ingsun angidini | anulya dhawuh sang katong ||

9. Nrangkusuma sira undhangana iku | sakabèhe wadya mami | gawea sasak dèn gupuh | kang prayoga supayaning | bisa kamot wadyaningong ||

10. asandika Nrangkusuma awotsantun | nulya jêngkar sri bupati | punggawa bubar sêdarum | wau ta sri narapati | lajêng kundur amakuwon ||

11. kunêng jawi Dipati Nrangkusumèku | parentah para bupati | karya sasak langkung bakuh | gumrah wadya nambut kardi | kunêng malih winiraos ||

12. Trunajaya ing mangke ingkang winuwus | sampun amiyarsa warti | yèn Sunan Mangkurat rawuh | angirid wadya Kumpêni | ing mangke sami makuwon ||

13. anèng dhusun Pacing gènira kêkuwu | sawadyabala prajurit | Prabu Madurêtna gupuh | nimbali para bupati | andêl-andêling pakewoh ||

14. Darmayuda Mangkuyuda anèng ngayun [nga...]

--- 3 : 227 ---

[...yun] | Dhangwêcana Wangsènggati | Wôngsaprana Busung Mêrnung | Dhaèng Mangrewah Makincing | anèng ing ngarsa acaos ||

15. angandika Madurêtna Sang Aprabu | kabèh padha ingsun tari | paran iki rêmbugipun | mungsuhira mêngko prapti | nèng kulon kali makuwon ||

16. Darmayuda alon dènira umatur | pukulun lamun suwawi | linanggar supados campuh | ing yuda agantos kêris | Mangkuyuda matur alon ||

17. yèn suwawi ing karsanipun sang prabu | inggih kula amuk wêngi | supados manahnya kuwur | pakuwon kula obongi | amrih gugup sagunging wong ||

18. Wangsènggati alon dènira umatur | yèn kêparêng karsa gusti | prayogi baris puniku | wontên sawetan bênawi | kang mêngsah nabrang supados ||

19. dadosipun tinadhahan saking luhur | watêke tiyang MêntaramGuru lagu seharusnya: 8i, watêke tiyang Mêntawis | galak-galak tandangipun | èstu anggêbyur bênawi | botên angantos pirantos ||

20. Trunajaya duk kala miyarsa atur | karênan pinuju galih | alon pangandikanipun | rêmbuge Si Wangsènggati | iya iku ingsun condhong ||

21. lamun kaya mêngkono ing besuk esuk | Darmayuda lawan maning | Si Mangkuyuda puniku | dadia pangawak kering | wong Sampang kang padha tanggon ||

22. lawan uwong môncanêgara puniku | dene ta Si Wangsènggati | Wôngsaprana têngênipun [têngêni...]

--- 3 : 228 ---

[...pun] | wong Madura dèn tindhihi | ingkang dadi dhadha ingong ||

23. ya Si Dhandhangwêcana mèlu maringsun | lan wadya Mêkasar sami | sandika kang sinung dhawuh | wus dadi sagung pinikir | anulya bubar makuwon ||

24. kunêng wau Mêkasar ingkang winuwus | anênggih Dhaèng Makincing | kêlawan pun Busung Mêrnung | Dhaèng Mangrewah prasami | arêmbag anèng pakuwon ||

25. ya ta angling sira wau Busung Mêrnung | hèh kakang Dhaèng Makincing | nalika kumpulan wau | Raja Galèngsong tan kèksi | nora enak atiningong ||

26. nalikane prapta saking Surèngkewuh | Raja Galèngsong ing nguni | iku ingandikan laju | umarêk marang sang aji | wusana tan ana katon ||

27. nora enak iki kakang atiningsun | kayaparan ta sirèki | Dhaèng Makincing sumaur | kaya bênêr sira adhi | Dhaèng Mangrewah lingnya lon ||

28. ingsun ngrungu ing pawarta durung tamtu | luwih saking nora bêcik | karuhane besuk esuk | yèn nyata nora kaèksi | iya Sang Raja Galèngsong ||

29. nyata bênêr kang awèh warta maringsun | iya mungguh rêmbug mami | ing ayuda padha mundur | lumayu angungsi urip | katiga brêbês wêtu loh ||

30. sampun dados wong Mêkasar rêmbugipun | ya ta kawarnaa enjing | Trunajaya nêmbang gupuh | têngara mêtu ngajurit | tan sêdya mundur palugon ||

--- 3 : 229 ---

51. Durma

1. wadyabala Mêntaram ingkang winarna | karya sasak wus dadi | kêlangkung prayoga | dènira karya sasak | sêksana atata baris | kilèn bêngawan | prasami amiranti ||

2. kawarnaa wau Prabu Madurêtna | sampun ngaturan uning | yèn wadya Mêntaram | ing mangke karya sasak | bêngawan dipun sasaki | kêlangkung kagyat | bramatya tan sinipi ||

3. sigra ngrasuk kêprabon kaprajuritan | nyamping samboja abrit | sinongkèt toya mas | paningsêt cindhe sêkar | rasukan baludru wilis | pinlisir renda | dhêstharira cawêni ||

4. alancingan panji-panji pan rinenda | dhasar baludru wilis | dhuwungnya nyuriga | cundrik cêcothèngira | arsa miyosi ngajurit | lamun sinawang | lir putra Ngalêngka ji ||

5. têngêrane kêlamun amangun yuda | bêndhe tinitir-titir | sagung wadyabala | sami siyagèng yuda | kêrig tan ana kang kari | sikêpanira | kang bêdhil sikêp bêdhil ||

6. ingkang tumbak apan sami sikêp tumbak | miwah tulup suligi | wus sami samêkta | aglar kang ponang wadya | mêlatar jawining kori | ing pêsanggrahan | ngantya printahing gusti ||

7. sigra mêdal sira Prabu Madurêtna | saking dalêmirèki | sagung para garwa | sami angêmu waspa | sêdaya wangsul nèng kori | kang para garwa | prajurit anampani ||

8. lampahi wau Prabu TrunajayaKurang satu suku kata: lampahira wau Prabu Trunajaya | ingapit pra prajuit [praju...]

--- 3 : 230 ---

[...rit] | sagung wong pilihan | kathahe wolung dasa | punika tan kêna têbih | wong dulang mangap | ingangkah barêng mati ||

9. tau titir tinêmpuhakên ing prana | tan pasah dene wêsi | mila anggêpira | atunggil yayah rena | sami tinariman èstri | sêntananira | kang tinrimakkên sami ||

10. wadyabala wus tarap pinggir bêngawan | kang kari anusuli | Prabu Trunajaya | sampun munggèng wahana | anèng sapinggiring kali | kinubêng wadya | munggèng ing kanan kering ||

11. jêng suhunan sampun angrasuk busana | sakêpraboning jurit | sagung bêbêrkatan | sampun rinasuk samya | Ki Bicak tan kêna têbih | tuwin pusaka | Ki Baru wus ingampil ||

12. agêmira camêthi pênjalin tulak | anèng asta pinusthi | ran Ki Sapujagad | sagunge wadyabala | ngantosi wiyosing gusti | anulya budhal | prapta ing pinggir kali ||

13. yun-ayunan lan barise wong Madura | wadyabala Mêntawis | sami ngangah-angah | ngajap têmpuhing yuda | pating bilulung ngulati | marga sabrangan | kang patut dadya margi ||

14. nanging dèrèng antuk margane kang sasak | sagung wadya Mêntawis | kewuhan ing marga | dulu wadya Madura | lir buta ningali daging | upama singa | tênaya kurang bukti ||

15. Trunajaya angêdhangkrang pinayungan | anèng sapinggir kali | sarwi sumbar-sumbar | lah payo wong Mêntaram | ratu têdhaking [tê...]

--- 3 : 231 ---

[...dhaking] wong tani | angur macula | bari angona sapi ||

16. pucukane wong Mêntaram yèn lêgia | nadyan bongkote dhingin | asêpêt kewala | aprang ngantèni sasak | pratôndha prajurit nyupris | dudu tandhingnya | sira kêlawan mami ||

17. nora padha wong Mêntaram lawan ingwang | têdhak Jaran Panolih | sarêng amiyarsa | wau Sunan Mangkurat | dukane yayah sinipi | sigra sang nata | nyandhak Ki Bicak aglis ||

18. gya tinêmbang Ki Bicak munya angangkang | Ki Baru ingasta glis | lajêng nitih kuda | arsa ngawaki yuda | Tumênggung Suranata glis | kêndhali kuda | cinandhak sarwi nangis ||

19. abdi dalêm sêdaya tur pêjah gêsang | kenging tan kenging gusti | inggih padukendra | sampun ngawaki yuda | yèn abdi paduka gusti | maksih nèng dunya | dene yèn wus ngêmasi ||

20. langkung karsa pukulun ngawaki yuda | kang abdi tan udani | kèndêl kangjêng sunan | myarsa ture punggawa | ya ta kang para bupati | sigra umangsah | bêngawan nuju banjir ||

21. pèrès lambe bêngawan kang ponang toya | sagung para bupati | dhatêngkên suranya | sarêng gêbyur sêdaya | ngêlangi anèng bênawi | wadya Wêlônda | ambêdhil saking wuri ||

22. mimisira tumiba têngah bêngawan | wong Dêmak kêna siji | ya ta Suranata | wangsul marani Amral | cinandhak tanganirèki | langkung bramatya | apa karêpmu iki ||

--- 3 : 232 ---

23. ingsun aprang ngêlangi têngah bêngawan | sira bêdhil sing wuri | aja tanggung sira | dadia mungsuh pisan | manira wani nadhahi | saure Amral | sampun runtik kiyai ||

24. mugi dipun gêng aksama dhatêng kula | panêdya kula inggih | ambêdhil ing mêngsah | tan pisan bêdhil rewang | Suranata wangsul aglis | gêbyur bêngawan | sapraptanira pinggir ||

25. tinadhahan mring wadyabala Madura | kinarutug ing bêdhil | punggawa Mêntaram | têguh ing yudanira | tan busik wulu sêdami | sri naranata | langkung wêlas ningali ||

26. pra dipati dèrèng wontên sagêd mêntas | duka yayah sinipi | camêthi ingikal | agêm Ki Sapujagad | bêngawan sinabêt aglis | kang toya piyak | lêbêk kari sêkaki ||

27. sigra mangsah sang nata sawadyabala | miwah sagung Kumpêni | lan pêpikul nabrang | wau para bupatya | lajêng ngamuk ngowak-awil | lir singa lodra | wong Madura kèh mati ||

28. wong Mêntaram têguh tan têdhas ing braja | wadya Mêkasar miris | têtela tan ana | Galèngsong ing ayuda | gya bubar lumayu gêndring | ngungsi Koripan | wau ta kang ajurit ||

29. wong Madura môncanêgara kèh pêjah | datan amôngga pulih | bubar barisira | ingkang urip lumajar | saparan angungsi urip | Ki Trunajaya | lumayu sawadyèki ||

30. ngungsi kutha linut dene wong Mêntaram |

--- 3 : 233 ---

kori wus dèn tutupi | lajêng tinuguran | dene kang tinanggênah | wadya ingkang têngga kori | Ki Darmayuda | ing Pasuruan mijil ||

52. Mijil

1. wong Mêntaram prasami angusir | kang kori dhinodhog | tinêtêgan saking jro korine | pan adangu tan mênga kang kori | ya ta sangêt runtik | Mangkuyuda Kêdhu ||

2. gya mangarsa dhinupak kang kori | tutupira ruboh | sampun mênga wau ta lawange | Mangkuyuda ngadêg jawi kori | Darmayuda uning | sigra numbak gupuh ||

3. kawatgata jaja trus ing gigir | malês numbak gupoh | Darmayuda kêna gêgurunge | kalihira sarêng angêmasi | Mangkuyuda mati | nèng jawining pintu ||

4. Darmayuda mati sajro kori | dadya mati sampyoh | apan kadi pinusus gègère | wadya ing jro sêdya ngungsi urip | lir gabah ngintêri | solah ting bilulung ||

5. Trunajaya gya lumayu aglis | lan sagung rêrepot | datan ana kari sêdayane | mêdal kori bêbutulan wingking | lajêng lampahnèki | sawadya tut pungkur ||

6. amung abdi kang trisna tut wuri | kang sinêdyèng batos | ngungsi ardi Ngantang panêdyane | sinêngkalan bêdhahe Kêdhiri | wus sirna ngrasani | jro kutha wus suwung ||

7. angandika kangjêng sri bupati | marang Amral alon | jarahana sajro kutha kabèh | apan uwis iya jangji mami | sira kang

--- 3 : 234 ---

duwèni | jarahan sêdarum ||

8. duk miyarsa kang wadya Kumpêni | sami sukèng batos | jrone kutha jinarahan kabèh | wit pasrahnya kangjêng sri bupati | wusnya dèn jarahi | mangkana sang prabu ||

9. angandika kangjêng sri bupati | marang Amral alon | tuwin marang pra dipati kabèh | karsaningsun iya arsa ngungsir | marang gunung sami | mangkat dina sesuk ||

10. sêdayane sandika turnèki | enjingira bodhol | Trunajaya myarsa pawartane | lamun arsa dèn ungsir sang aji | tyasnya sangêt miris | tan sumêdya kiwul ||

11. mung sumêdya ngungsèkakên urip | lajêng ngalih ênggon | wukir Ngantang nèng ngriku amanggèn | ya ta wau kangjêng sri bupati | lampahira prapti | nèng Payak kêkuwu ||

12. dhawuh karya sanggrahan sang aji | atata pakuwon | wadyabala tata lêrêbane | sanalika wus kadya nêgari | pakuwon rinakit | pan sajuru-juru ||

13. pakuwone kang wadya Kumpêni | tan têbih sang katong | Sang Dipati Anrangkusumane | lan sagunge kang para bupati | ngubêngi prasami | pakuwon sang prabu ||

14. pakuwone kangjêng sri bupati | rinakit kêdhaton | rinareka lir pura isthane | pagêlaran lan bangsal pêngrawit | têratagnya asri | pan pinatut-patut ||

15. langkung arja ing Payak lir nagri | wau ta sang katong | siyang dalu kasukan [kasu...]

--- 3 : 235 ---

[...kan] arame | kang tabuhan pan awarni-warni | pakuwon dipati | kang tabuhan umung ||

16. wong ing desa kanan lawan kering | sami prapta nonton | wênèh dodol wong desa praptane | barang winade kêlangkung laris | mila sukèng ati | wong ing dhusun-dhusun ||

17. sore gunung Ngantang dèn barisi | prasami makuwon | kidul gunung wetan tuwin êlèr | kulon datan sêla ingkang baris | sangêt binathithit | sangisoring gunung ||

18. luhur gunung kêlangkung prihatin | mila sagunging wong | Trunajaya anênggih wadyane | kathah minggat awit kirang bukti | mudhun saking wukir | angungsi wana gung ||

19. nora kêlar lawas tan abukti | anèng wana nyelog | uwi tuwin panganan liyane | kang binukti Trunajaya mangkin | anèng nginggil ardi | mung lan garwanipun ||

20. Trunajaya lawan garwanèki | arine sang katon | ingkang sêpuh wus dadya garwane | ingkang anèm arsa dèn ramuhi | sang dyah sru tan apti | pinalaur lampus ||

21. mangkya tumut anèng nginggil wukir | nalika kaboyong | sarêng nagri Mêntaram bêdhahe | babu inya myang parêkan cèthi | sami atut wuri | nèng luhure gunung ||

22. sakêlangkung sangêt kawlasasih | kalihnya sang sinom | wong Madura ingkang dhèrèkake | anèng gunung samêngko mung kari | wêwolu

--- 3 : 236 ---

kèhnèki | sami kawlasayun ||

23. gênti ingkang kawarnaa malih | wau kang alolos | wong Mêkasar duk kala pêrange | Dhaèng Mangrewah lan Dhaèng Makincing{footnote}Lebih satu suku kata: Dhaèng Mangrewah Dhaèng Makincing | myang sawadyanèki | tuwin Busung Mêrnung ||

24. pisah lawan Trunajaya nênggih | mung sakônca amor | wong Mêkasar tan pisah lampahe | lajêng sami ngungsi anèng ardi | Sapora kinapti | sampun prapta luhur ||

25. tata-tata pondhokira sami | nèng ngriku makuwon | arêrapoh pan rineka bètèng | amiranti bok dipun inggahi | mring wadya Mêntawis | saking ngandhap gunung ||

26. watu-watu sami dèn cancangi | bok yèn ana mungsoh | ingkang watu pinêdhot taline | sangêt sami aprayitnèng wèsthi | ngling Dhaèng Makincing | kakang Busung Mêrnung ||

27. yèn awèta inggih anèng ngriki | asangêt kuwatos | inggih lêrês mirantos ênggène | nanging pêsthi kakirangan bukti | dhêstun ta kuwawi | namung tigang santun ||

28. yèn pirêmbag suwawi mring Bali | anèng ngriku andon | inggih botên kathah kuwatose | Busung Mêrnung alon anauri | gih langkung prayogi | kula sangêt rêmbug ||

29. Dhaèng Mangrewah nambungi angling | gih suwawi bodhol | ya ta mudhun saking gunung age | sawadyanya sumêdya mring Bali | ya ta lampahnèki | Bêlambangan rawuh ||

--- 3 : 237 ---

30. tata-tata pêraunya sami | sêdaya mirantos | lajêng nabrang dhatêng Bali age | kunêng ingkang nabrang dhatêng Bali | gênti kang winarni | ingkang mêrês madu ||