Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

53. Dhandhanggula

1. kawarnaa wau sri bupati | siniwaka nèng sanggrahan Payak | pra dipati pêpak kabèh | Radèn Nrangkusumèku | lawan Arya Sidurja nangkil | Ki Dipati Ngurawan | nênggih jajaripun | Tumênggung Wirawidagda | Ki Binarong Mangunonêng jajarnèki | Tumênggung Suranata ||

2. Ki Jangrana lan Martalayèki | pêpak andhèr kang para pratiwa | miwah Amral Hèlduwèlbèh | ngandika sang aprabu | marang Amral mundhut Kumpêni | anaa rong brêgada | arsa ingsun utus | anêlika wong Mêkasar | ingkang muwêr nèng gunung Sapora nênggih | aran Dhaèng Mangrewah ||

3. Busung Mêrnung lan Dhaèng Makincing | ingkang anèng ing gunung Sapora | ingkang ngirida lakune | Jangrana kang sun utus | Pasuruan sun kon nanduri | iya Si Ônggajaya | arana Tumênggung | Ônggajaya Pasuruan | sira Amral Hèlduwèlbèh anjurungi | ing karsa sri narendra ||

4. sri bupati angandika aris | ampirana adhi Cakraningrat | nèng alas Lodhaya gone | konên seba maringsun | Ki Jangrana nêmbah wotsari | lèngsèr saking ngayunan | lajêng lampahipun | kêlawan sawadyabala | kunêng mangke gêntia ingkang winarni | Dipati [Di...]

--- 3 : 238 ---

[...pati] Cakraningrat ||

5. kawarnaa kang dipun sakiti | Cakraningrat nèng alas LodhalaLodhaya | Trunajaya panggawene | kapêrnah pamanipun | mila datan kolu matèni | datansah pinilara | nèng têngah wana gung | sêdyane Ki Trunajaya | ingkang paman matia pinangan dhêmit | anèng alas Lodhaya ||

6. Cakraningrat amiyarsa warti | yèn samangke dènnya mangun yuda | Trunajaya kajodhine | dadya srêp manahipun | nênggih Kangjêng Pangran Dipati | sampun umadêg nata | nèng Payak kêkuwu | angirid wadya Wêlônda | Cakraningrat sêksana adandan aglis | lawan sagarwa putra ||

7. sampun budhal ing samargi-margi | Cakraningrat lan sagarwa putra | rêreyongan ing lampahe | anèng marga kapêthuk | baris agêng lêlampah sami | ciptane Cakraningrat | bala kang lumaku | wadyane Ki Trunajaya | dangu-dangu ningali wadya Kumpêni | dadya srêp galihira ||

8. Ki Jangrana wau aningali | Cakraningrat kapêthuk nèng marga | gupuh têdhak sing kuda ge | kêpanggih sarêng ngrangkul | gya angaras-aras agênti | lajêng asêsalaman | wus tata alungguh | Jangrana alon têmbungnya | jêngandika dhawuhipun sri bupati | ngandikan dhatêng Payak ||

9. Cakraningrat sandika turnèki | kula punika gih arsa budhal | asowan dhatêng sang katong | Jangrana sigra mundhut | kuda ingkang dipun titihi |

--- 3 : 239 ---

tuwin sagarwa putra | miwah wadyanipun | kawan dasa kang dhèrèkna | ya ta lajêng ungkur-ungkuran prasami | datan kawarna marga ||

10. sri narendra nèng Payak siniwi | mring punggawa anèng pêsanggrahan | kêsaru wau praptane | Cakraningrat mangayun | sumungkêm ing pada anangis | sang nata angandika | mênênga riningsun | samêngko nagara Sampang | tampanana balia kaya duk lami | dadia duwèkira ||

11. iya yayi sira ing samangkin | lêgakêna ing pakaryanira | sira sun paringi gawe | bujuk Trunajayèku | asebaa marang ing mami | mungguh lakune marga | ngong pasrah sirèku | mapanêmbah Dipati SampangLebih satu suku kata: manêmbah Dipati Sampang | dhawuh dalêm pukulun langkung kapundhi | kapêtêk ing mustaka ||

12. abdi dalêm lêbura wor siti | anglampahi ayahan narendra | sêksana gya nêmbah lèngsèr | lajêng ing lampahipun | marang sore gunung wus prapti | lajêng amêsanggrahan | kang warta misuwur | dhumatêng tiyang Madura | Cakraningrat punika gustine lami | karsanira sang nata ||

13. binalèkkên dadya adipati | anèng Sampang marma wong Madura | kathah seba ing gustine | watara sangang atus | wong Madura kang sampun prapti | Tumênggung Mangkuyuda | apan êmbanipun | dhumatêng Ki Trunajaya | sampun seba mring Cakraningrat Dipati | ngandikan marang ngarsa ||

14. Cakraningrat angandika aris | Mangkuyuda [Mang...]

--- 3 : 240 ---

[...kuyuda] sira ingsun duta | aturêna layang ingong | marang ing putraningsun | Trunajaya kang anèng wukir | nêmbah Ki Mangkuyuda | munggah marang gunung | kunêng ingkang kawarnaa | Trunajaya anèng sanginggiling wukir | ginubêl mring kang garwa ||

15. sapa kêlar nora nginum warih | iya kongsi patang puluh dina | wong wadon pira kuwate | Trunajaya amuwus | antèkêna riningsun gusti | pirangbara ing benjang | wruh rasaning banyu | sêdyakêna amêrtapa | sang dyah ayu wuwuse awor lan tangis | dhuh lae benjang napa ||

16. pa margane bisa nginum warih | ngisor gunung apan pinuguran | wong siji tan kêna mrèjèl | jêr dika wong kumênthus | datan nganggo boboting urip | pêksa umadêg nata | rat Jawa winêngku | lah mangke kadi punapa | solah dika tan wontên ingkang pinanggih | amungsuh kadang tuwa ||

17. pae dhingin duk bêdhah Mêntawis | dika mungsuh wong liyan bêrayan | samangke jêr mungsuh ipe | ngong duga kakang prabu | yêkti nora kolu matèni | ingsun sanggup matura | marang kakang prabu | ing solah kang kaluputan | ya ta wau kêsaru praptanirèki | Mangkuyuda mangarsa ||

18. apan sarwi ngaturakên tulis | wus tinampan marang Trunajaya | binuka sinukma age | pèngêting salam ingsun | Cakraningrat Sampang Dipati | praptaa marang anak | Trunajayarèku | sawusing [sawu...]

--- 3 : 241 ---

[...sing] salamanira | wiyosipun anak sira dèn timbali | mring kangjêng sri narendra ||

19. marang Payak ywa kèh sira pikir | kaluputanira kang kawuntat | yèn nata ana dukane | ingsun ingkang ananggung | dèn pracaya lah sira kaki | sayêkti nora duka | mring sira sang prabu | anak manira alangna | lamun ana dukane sri narapati | titi ponang nuwala ||

20. sawusira manukmèng kintèki | môngsa paman dadak angloropna | wusana lingira alon | dhuh gusti mirah ingsun | payo seba marang sang aji | sang rêtna lêga ing tyas | ya ta budhal sampun | sang dyah lumampah ing ngarsa | praptèng ngandhap lajêng lampahe sang dèwi | sampun nitih wahana ||

21. wong Madura kang sami jajari | tumbak benang wêtara nêmbêlas | tandhu tinèdhèngan cindhe | praptèng ing Payak tundhuk | lawan kangjêng sri narapati | sang dyah kinèn lajênga | malêbèng jro kuwu | kunêng ta Ki Trunajaya | wus apanggih lan Cakraningrat Dipati | prapta gya ngaras pada ||

22. Cakraningrat angandika aris | Trunajaya babo putraningwang | sira sebaa sang katong | bêcik nganggo sirèku | pratandhane kasoran jurit | taklim marang wong tuwa | Mangkuyuda wau | miwah pinituwa Sampang | kinêjepan sêksana tinubruk aglis | anulya dèn pusara ||

23. rinimongan sinjang cindhe wilis | sigra budhal sarêng prapta Payak [Pa...]

--- 3 : 242 ---

[...yak] | sang nata pan sampun miyos | siniwi ing wadya gung | baris ngapit sapinggir margi | dene wadya Wêlônda | baris ngurung-urung | Ki Trunajaya tumingal | dadya anglês raose sajroning galih | wus nora ngrasa gêsang ||

24. wusing prapta ngarsane sang aji | Trunajaya lênggah anèng têngah | sagung pra dipati kabèh | nèng kiwa têngên lungguh | angandika sri narapati | bagea Trunajaya | têkamu ngarsèngsun | andhêku Ki Trunajaya | angandika malih kangjêng sri bupati | nèng êndi yang Kajoran ||

25. Trunajaya gya umatur aris | sampun kesah dhatêng sunya sirna | sang nata ngandika alon | jangji ngong sun karuwun | lamun uwis bêdhah Mêntawis | ingsun umadêg nata | ing jaba sirèku | bang-bang lum-alume praja | dhêdhak mêrang nêgara ing tanah Jawi | samêngko tampanana ||

26. sêksènana kabèh wadya mami | ing luware ya punaginingwang | samya saur kukila ge | Trunajaya tumungkul | Suranata alon dènnya ngling | lah anak Trunajaya | tampanana niku | dhawuhipun sri narendra | botên wontên satriya cidra ing jangji | dhêku Ki Trunajaya ||

27. kari siji punagi ngong iki | ing nalika duk ingsun nèng Têgal | kêris Si Bêyabar kiye | sun liga laminipun | nora ingsun sarungkên iki | yèn ora sun sarungna | ing jajanirèku | garjita para dipatya | Trunajaya sinaosakên ing ngarsi [ngar...]

--- 3 : 243 ---

[...si] | gya têdhak sri narendra ||

28. gya ginoco jajanira titis | trus walikat Trunajaya niba | kapirsanan ing patine | mangkana êmbanipun | Sêcagora wastanirèki | abela gustinira | sêdyanira ngamuk | lajêng kinêracok kathah | sampun pêjah ngandika sri narapati | tigasên murdanira ||

29. wus tinigas katur ing ngarsa ji | angandika wau sri narendra | iya bocah ingsun kabèh | padha mèlua nyuduk | lawan padha mangana ati | atine Trunajaya | gya tumandang nyuduk | lan atinira rinêbat | wong sawiji panduman saprapat mênir | kuwônda wus wor kisma ||

30. ya ta wau Ki Jangrana prapti | lawan Ônggajaya Pasuruan | sampun katur sêdayane | ing rèhira ingutus | sri narendra ngandika aris | wong loro sira padha | iya kari nyuduk | ing jisime Trunajaya | hèh sirèku pan iya uwong kêkalih | lawan brôngta ngayuda ||

54. Asmaradana

1. sêngkala pêjahirèki | Trunajaya anèng Payak | dwi ilang rasa wanineSengkalan: dwi ilang rasa wanine (1602 A.J., 1679/80 A.D.). | sarêng lawan êmbanira | wasta Ki Sêcagora | sukèng tyas marwata sunu | sang nata lan sawadyanya ||

2. angandika sri bupati | lah payo sira nusula | anyuduki ing jisime | Si Trunajaya kang lena | Jangrana Ônggajaya | sigra kalih narik dhuwung | lêmah tilas sinudukan ||

3. lêmahira gya cinulik | nulya

--- 3 : 244 ---

kinarya wawêdhak | ya ta jêngkar sang akatong | malêbêt ing pêsanggrahan | êndhase Trunajaya | binêkta pawonganipun | sapraptane pêsanggrahan ||

4. sang nata ngandika aris | hèh bocah wadon sakèhnya | dèn kêlakon dhawuh ingong | yèn padha arêp anendra | kabèh padha kèsèda | Trunajaya êndhasipun | sêdaya matur sandika ||

5. ing dalu kêlakon sami | enjange sagung wanodya | kinèn anutu êndhase | wus sirna dhas Trunajaya | sang nata siniwaka | munggèng ing têtarub agung | aglar sagunging punggawa ||

6. Nrangkusuma karsa mami | pan iya ing dina benjang | manira pan arsa bodhol | têka pêsanggrahan Payak | tindak mring Surabaya | jênêng ngong arsa angujung | mring Jêng Sunan Ngampèldênta ||

7. payo undhangana sami | utawa bala Wêlônda | sira Amral Hèlduwèlbèh | undhangana benjang enjang | manira arsa budhal | marang nêgri Surèngkewuh | sandika Amral turira ||

8. datatita tan kawarni | ing dalu sêmana enjang | sang nata anulya bodhol | karsa dhatêng Surabaya | tan kawarna ing marga | ing Ngampèldênta wus rawuh | lajêng ngujung mring astana ||

9. wusira ngujung sang aji | lajêng dhatêng Surabaya | sang nata lajêng ngêdhaton | anèng nêgri Surabaya | tan môntra mêsanggrahan | ya ta wau sang

--- 3 : 245 ---

aprabu | animbali Mangunjaya ||

10. sapraptanira ing ngarsi | sang nata alon ngandika | lumakua ingsun kongkon | maranga ing Giripura | sebaa Panêmbahan | ing Giri manira nyuwun | idi gon sun madêg nata ||

11. amêngku rat nusa Jawi | lan matura panêmbahan | Ki Kalamunyêng ing mangko | ngong suwun pinaringêna | Mangunjaya sandika | nêmbah lèngsèr saking ngayun | lajêng tan kawarnèng marga ||

12. sampun prapta anèng Giri | Mangunjaya tinimbalan | mara Mangunjaya age | sapraptanira ing ngarsa | wau Ki Mangunjaya | alon dènira umatur | pukulun lampah kawula ||

13. dinuta sri narapati | inggih Sang Prabu Mangkurat | nyuwun idin madêg katong | amêngku rat nusa Jawa | lan Giri kang wasiyat | Ki Kalamunyêng kasuwun | Sunan Giri angandika ||

14. yèn iku turun Mêntawis | sun idini madêg nata | jêr uwis duwèke dhewe | kabèh ing rat nusa Jawa | sarta mundhut pusaka | sumôngga pusaka katur | yèn dudu têrah Mêntaram ||

15. ngong tan gêlêm angidini | kêris pinundhut tan suka | Mangunjaya sun têtakon | satêmêne iku sapa | Mangunjaya turira | kula umatur saèstu | tan uninga asalira ||

16. saking pawartos ing jawi | punika putrane Amral | kados ta wontên èmpêre | mênggah ing wartos punika | dene sri naranata | cara Lônda

--- 3 : 246 ---

agêmipun | inggih lamun nitih kuda ||

17. ngandika Jêng Sunan Giri | yèn tuturira mangkana | tan arsa ngidini ingong | kêris tan wèh pinundhuta | wis ta sira muliha | Ki Mangunjaya gya mundur | aglise carita prapta ||

18. anèng nêgri Surawèsthi | nulya marêk ngarsa nata | Ki Mangunjaya ature | mring sang nata ngamandaka | pukulun sri narendra | lampah kawula kautus | mundhut idi Sunan Arga ||

19. lulusipun sri bupati | amêngku rat nusa Jawa | lawan mundhut wasiyate | Jêng Sunan Giri dhawuhnya | inggih dhatêng kawula | tan gêlêm ngidini ingsun | kêris pinundhut tan suka ||

20. sang nata sarêng miyarsi | sêkala mêtu runtiknya | mangondar-andir netrane | idêpnya mangada-ada | jaja bang winga-winga | padone lathi kumêdut | asru dènnya angandika ||

21. Nrangkusuma dina iki | undhangêna wadyaningwang | manira pan arsa bodhol | marang Giri lumuruga | mangrurah Giripura | sandika gya nêmbah mundur | sapraptanira ing jaba ||

22. anêmbang têngara nitir | myarsa sagung wadyabala | lajêng samêkta barise | wus pêpak anulya budhal | kawarna lampahira | prapta sangandhaping gunung | Sunan Giri kawarnaa ||

23. sampun amiyarsa warti | ngisor gunung binarisan | wadyane kinumpulake | pangulu kêtib modinnya | miwah kang wadyabala | winatara kalih atus | nêdya sami sabilollah ||

24. tindhih

--- 3 : 247 ---

Pangran Singasari | wus sami bêkta gêgaman | warnanên wau sang katong | enjing anêmbang têngara | sumahab wadyabala | ing Giri sampun kinêpung | gêgaman tanpa wilangan ||

25. môncanêgara pasisir | utawi wadya Wêlônda | pan sarêng umangsah kabèh | wadya Giri binêdhilan | nanging tan wontên mêdal | baris pêndhêm karsanipun | muwêr salêbêting dhêkah ||

26. kinarutug dening bêdhil | wong Giri rêmbag mapag prang | pra sêntana guyub kabèh | amuwêamuwêr kinarya lesan | dadya wong Giri mêdal | winitawis kalih atus | wong Giri angamuk rampak ||

27. wadya pasisir nadhahi | lan wadya môncanêgara | wong Giri rampak tangkêpe | tan kandhêg pangamukira | binendrong ing sênjata | mimisira kadi jawuh | bêdhile wadya Wêlônda ||

28. anusup kukusing bêdhil | wong Giri pangamukira | wong pasisir akèh longe | miwah wong môncanêgara | wus kathah ingkang pêjah | kang para bupati magut | samya ngawaki ayuda ||

29. wontên sêntana ing Giri | nama Radèn Singasêkar | kagila-gila pamuke | wong pasisir bubar-bubar | barise kang sinêrang | langkung duka sang aprabu | angatag wadya Wêlônda ||

30. pira kadare wong Giri | bisa amumbul ngakasa | urugana pati bae | sêdaya sarêng umangsah | Bugis Ambon Mêkasar | Wêlônda sarêng umagut | sarêng lan wadya kanoman [ka...]

--- 3 : 248 ---

[...noman] ||

55. Sinom

1. umangsah sawadyanira | sagunge para bupati | wong Giri wus kathah pêjah | linambung ing kanan kering | wadya Sampang nglêboni | marang salêbêting gunung | wong cilik kagegeran | kadya gabah dèn intêri | wadya Giri amawur ing yudanira ||

2. dhukuhira kalêbêtan | wau Jêng Suhunan Giri | kacêkêl lajêng binônda | ya ta Rajèng Singasari | waspada aningali | ingkang paman tinalikung | sigra ambuwang watang | lajêng ngamuk karo kêris | singa ingkang sinêrang bubar sêdaya ||

3. ya ta Pangran Cakraningrat | umangsah angêmbat biring | panggih Radèn Singasêkar | sêksana nêrajang wani | tinumbak bathuknèki | gya aniba lajêng lampus | maksih ngawêt lathinya | darijinira akancing | maksih kukuh dènira gêgêm ukiran ||

4. winêngkang pan ora kêna | Amral gèdhèg aningali | ya ta Jêng Suhunan Ngarga | sinaosakên ngarsa ji | maksih binônda nênggih | sang nata anulya dhawuh | gawenên dèn palastra | Ki Kalamunyêng anuli | gya pinundhut dhumatêng sri naranata ||

5. sang nata anulya budhal | kondur dhatêng Surawèsthi | lajêng malêbèng sanggrahan | awêtara têlung ari | dhawuh undhang sang aji | budhal dhatêng Surèngkewuh | wau Ki Mangunjaya | ing mangke jinunjung linggih | sinung nama Pangeran Sêtyanêgara ||

6. enjing atêngara budhal |

--- 3 : 249 ---

kasukan samargi-margi | sang nata sawadyabala | suka sagunge wadya lit | sêdaya pra dipati | apan sarêng budhalipun | mangku gêgamanira | dinulu kêlangkung asri | tan winarna lampahira anèng marga ||

7. sampun prapta Garobogan | karsa anjog ing Sêmawis | kunêng mangke kawarnaa | Buyut Laweyan winarni | lan anakira nami | Martanaya kalanipun | sang nata saking Têgal | nitih palwa nèng jêladri | karsanira tindak mring nêgri Jêpara ||

8. Ki Laweyan lan anaknya | atur sêgah lan sang aji | akathah tur-aturira | durèn kapundhung lan manggis | pijêtan lan kuwèni | nanas nôngka jambu timun | sang nata duk kasatan | Martanaya suguhnèki | gya dhinahar sang nata kêlangkung nikmat ||

9. dadya sang nata ngandika | besuk ngong mênawa bali | iya saking tanah wetan | sira amapaga mami | ngantia ingong bali | wis sira muliha iku | mêngko sira karia | aja mèlu marang mami | pan samangke Martanaya amiyarsa ||

10. sang nata unggul ing yuda | badhe rawuh ing Mêntawis | sêksana Ki Martanaya | dandan mêthuk sri bupati | kêlawan bapaknèki | Ki Laweyan milya mêthuk | wuwusên sri narendra | ing Sêmarang sampun prapti | ya ta lajêng makuwon sri narata ||

11. duk sêmana siniwaka | pêpak sagung pra dipati | miwah Amral anèng ngarsa | Ki Martanaya [Mar...]

--- 3 : 250 ---

[...tanaya] mangarsi | lajêng amanganjali | anyaosakên sêsuguh | sang nata angandika | bagea Martanayèki | matur nuwun pangèstu dalêm sang nata ||

12. sang nata malih ngandika | Laweyan anakirèki | Si Martanaya tômpaa | saiki ganjaran mami | ingsun arsa naur sih | samêngko ngong junjung lungguh | iki bumi Sêmarang | kaduwe anakirèki | lan jênênga Ki Rôngga Yudanagara ||

13. Ki Laweyan sujud nulya | mukanya konjêm ing siti | misuwur dhawuh narendra | Martanaya ing samangkin | ingêlih ingkang nami | Dêmang Yudanagarèku | lênggah tanah Sêmarang | wau kangjêng sri bupati | angandika marang sagung pra punggawa ||

14. lah ing ngêndi kang prayoga | bumi kang sun kêdhatoni | Mangunonêng matur nêmbah | pukulun sri narapati | bok pinujwèng panggalih | ngêdhatona sang aprabu | tanah Tingkir prayoga | angandika sri bupati | Mangunonêng ingsun apan ora arsa ||

15. umatur Ki Wiradigda | pukulun bilih marêngi | ing Logêndèr ngêdhatona | punika langkung prayogi | arata siti wêdhi | pantês dadosa kêdhatun | sang nata datan arsa | Ki Urawan awotsari | Wanakarta prayogi kinarya kitha ||

16. ajêmbar ingkang polatan | rata rêsik siti pasir | lan cêlak kêdhaton Pajang | ulun amiyarsa warti | wirayatipun nguni | duk nalika swarginipun | eyang dalêm Pangeran | Pêkik [Pê...]

--- 3 : 251 ---

[...kik] kala dèn timbali | anênêpi wontên ing Butuh astana ||

17. lajêng asare dêdagan | wontên suwara dumêling | hèh ta Pêkik wruhanira | ragas kulon Pajang benjing | Wanakarta puniki | apan ta dadi kêdhatun | ratune putunira | yèn uwis bêdhah Mêntawis | duk miyarsa sang nata kêlangkung suka ||

18. kapanujon aturira | Ki Urawan mring sang aji | sang nata alon ngandika | dhumatêng rêkyana patih | Nrangkusuma Dipati | sira umangkata gupuh | alas ing Wanakarta | iku babadana nuli | ya rekanên patute kêdhaton ingwang ||

19. radèn patih awotsêkar | sigra lèngsèr saking ngarsi | saha wadyabala kuswa | tan winarna anèng margi | mung tigang dalu prapti | ing Wanakarta puniku | kang wana binabadan | wus padhang rineka nuli | pura nata balowarti sitibêntar ||

20. alun-alun pagêlaran | gatra-gatraning nêgari | warnanên sri naranata | budhal saking ing Sêmawis | sawadyakuswanya sri | bala gung swara gumuruh | ing ênu tan winarna | Wanakarta sampun prapti | ya ta lajêng ngêdhaton sri naranata ||

21. kang praja sinungan nama | Kartasura Diningrati | duk kala ngêdhatonira | Ruwah tanggalira kaping | pitu ing taun Alip | Rêbo Pon ing arinipun | mantri sirna kwayang ratSengkalan: mantri sirna kwayang rat (Rêbo Pon, 7 Ruwah 1603 A.J., Senin, 2 September 1680 A.D.).[Periksa]. | sêngkalane tanah Jawi | rêbut sênêng lir ngambara awania ||

22. ya ta wau sri narendra | sêmana karsa nimbali | kang rayi Sunan Ngalaga [Nga...]

--- 3 : 252 ---

[...laga] | kang ngêdhaton PlèrènPlèrèd nênggih | mangkat dutaning aji | kunêng dutane sang prabu | mangke gênti kocapa | nênggih nêgari Mêntawis | Jêng Suhunan Ngalaga sêdhêng sineba ||

23. dene sagung pra punggawa | andhèr munggèng pôncaniti | kang munggèng ngarsa narendra | Arya Môndhalika Patih | Natakusuma ngarsi | sagung pratiwa nung-anung | ngabèi dêmang rôngga | pandêlêgan tôndhamoi | pêcattôndha pangalasan kandhuruan ||

24. Tumênggung Gajahpramada | rôngga pitulas nèng ngarsi | Angabèi Tanpanaha | Kalang miwah Jagapati | Arya Tambakbayèki | lan Arya Surajayèku | matur Ki Môndhalika | saha nêmbah ing sang aji | gusti ulun atur uningèng paduka ||

25. rakanta umadêg nata | Trunajaya wus kajodhi | yuda lan raka paduka | wadya sabrang warni-warni | nanging satêngah warti | sutaning Amral satuhu | bok inggih mindha-mindha | atmajanipun Kumpêni | dhatêng raka paduka amrih suyuda ||

26. gusti tiyang tanah Jawa | sang nata ngandika aris | iku dutaning kakang mas | paran ta yêktinirèki | Môndhalika turnya ris | gusti ing wêtawis ulun | kados ta yèn dedea | pangangge cara Kumpêni | solah bawa inggih kados tiyang kopar ||

27. siyang dalu datan pisah | kêlawan tiyang Kumpêni | saking wêtawis kawula | èstune rakanta gusti | dene ta abdi-abdi | ing kadipatèn sêdarum | maksih kumpul sêdaya |

--- 3 : 253 ---

tan wontên pisah satunggil | sami ngabdi Sri Narendra Kartasura ||

28. dadya èmêng driyanira | Sunan Ngalaga Sang Aji | wusana alon ngandika | hèh sakèhe wadya mami | padha dèn ngati-ati | aja ta sira katungkul | mênawa ta Si Amral | pêksa ngakahi rat Jawi | iya môngsa wurunga abôndayuda ||

29. nadyan ta silih kakang mas | yèn tan mrih mulwèng rat Jawi | wong kapir dèn têkakêna | angakahi ing rat Jawi | rêruba ing wong cilik | iya padha pinrih suyud | marang ing uwong sabrang | yèn mangkono karsanèki | kakang êmas ing saolèh-olèh ingwang ||

30. nyabili abôndayuda | duk dhingin kangmas dipati | timbalane arsa tindak | marang Mêkah munggah khaji | mêngkone ta sakiki | jêbule Wêlônda utun | Môndhalika awasna | dèn pramana kang sayêkti | aja salang surup kinanthi pawarta ||

56. Kinanthi

1. aja nganti salang surup | yèn dudu kakang mas yêkti | pêsthi ngong angantêp yuda | sêdhênge rêraup gêtih | kono gon ingsun tumpêsan | lagyeca imbalan angling ||

2. pan kasaru duta rawuh | dumarojog ing ngarsa ji | sarwi amundhi nuwala | tinampan sri narapati | binuka sinukmèng driya | têmbunge ponang kintèki ||

3. ukara salam dongèngsun | Sinuhun Mangkurat Jawi | Senapati ing Ngalaga | Ngabulrohmani Sayidin | Panêtêg Panatagama | tumêkaa marang yayi ||

4. dhimas [dhi...]

--- 3 : 254 ---

[...mas] Pugêr kang pilungguh | ana nêgara Mêntawis | sinêmbah Sunan Ngalaga | Palèrèd dèn kêdhatoni | lire wuse donganingwang | ngong paring wruh mring sirèki ||

5. prakara mungsuhirèku | ingkang ngrusak ing Mêntawis | Si Trunajaya wus pêjah | wadyane tumpêsan yayi | dene samêngko manira | ngêdhaton ana ing bumi ||

6. Wanakarta karsaningsun | iku kang sun karya puri | sirenggal nuli praptaa | ingsun bangêt kangên mami | manira mring jênêng para | titi panukmaning tulis ||

7. angandika sang aprabu | hèh duta muliha dhingin | sun pikir sapungkurira | duta nêmbah lèngsèr mijil | lajêng wau lampahira | sigêgên duta nêrpati ||

8. kawarnaa sang aprabu | maksih siniwakèng dasih | ngandika sri naranata | kaya apa kabèh sami | mungguh ing pirêmbugira | sun tari prakara iki ||

9. Ki Môndhalika umatur | dhuh gusti sri narapati | tan eca manah kawula | guna-gunaning Kumpêni | karya tingkah ngamandaka | pinindha rakamta gusti ||

10. Pangran Natakusumèku | manêmbah saha wotsari | prayogi paduka sowan | mokal lamun kardi-kardi | pasisir môncanêgara | sêdaya suyud sumiwi ||

11. yèn dede raka pukulun | môngsa puruna sumiwi | sumambung Ki Môndhalika | mênggahing pamanggih mami | punika pan botên eca | dene awarni Walandi ||

12. dene môncanêgarèku | utawi wadya pasisir | pramila suyud [suyu...]

--- 3 : 255 ---

[...d] punika | margi kasoran ing jurit | Kumpêni sagêd miguna | tan eca dipun lambani ||

13. angandika Sang Aprabu | Natakusuma sun tuding | têlikanên ingkang nyata | lan Si Natabrata iki | kang minôngka kanthinira | kang sinung ling awotsari ||

14. lèngsèr saking ngarsa sampun | sawadyanira lumaris | kunêng dutanya sang nata | Kartasura sampun prapti | lajêng marêk ngarsa nata | manêmbah saha wotsari ||

15. pukulun kawula sampun | umarêk arinta aji | dhumatêng nêgri Mêntaram | unjukipun rinta gusti | mangke dèrèng arsa sowan | sêmang ing tyas sônggarunggi ||

16. timbalannya rinta prabu | kawula kinèn rumiyin | ginalih sapêngkêr amba | warnanên dutanirèki | kang Sinuwun ing Ngalaga | Pangran Natakusumèki ||

17. lan Natabrata puniku | Kartasura sampun prapti | sri narendra duk sineba | andhèr wadya kang sumiwi | ingkang wontên ngarsa nata | Radèn Anrangkusumèki ||

18. tuwin para prawira nung | sêdaya para bupati | Radèn Arya Sidurêja | Urawan Wiradigdèki | Mangunonêng jajarira | Nrangkusuma awotsari ||

19. ulun tur uning pukulun | wontên duta rinta aji | Pangeran Natakusuma | têkap arsa manganjali | sang nata alon ngandika | timbalana ngarsa mami ||

20. duta nata ngandikan wus | tumraping ngarsa magipih | amanêmbah ing suku sang | duta nata manganjali [manganja...]

--- 3 : 256 ---

[...li] | sampun lênggah anèng ngarsa | sumungkêm lir konjêm siti ||

21. Pangran Natakusumèku | manêmbah aturira ris | ulun dinuta ri nata | Sunan Ngalaga Mêntawis | nyaoskên sêmbah sungkêmnya | kunjuk ing pada nêrpati ||

22. marmanta ari pukulun | tan gya tumrap ing ngarsa ji | de myarsa paduka nata | sutaning Amral sayêkti | yèn wus èstu padukendra | ingkang jumênêng nêrpati ||

23. rinta nata gya tumundhuk | ngarsa prabu manganjali | amanêmbah ing suku sang | sri narendra ngandika ris | iya bênêr adhi êmas | gone prayitna ing wèsthi ||

24. bok pakarya anyalimur | mindha-mindha karsa sandi | Pangeran Natakusuma | alon ngandikanya aris | lah ta adhi Natabrata | wis sira muliha aglis ||

25. munjuka marang sang prabu | ingkang madêg nata yêkti | kang raka Pangran Dipatya | Anom ing nêgri Mêntawis | manêmbah Dyan Natabrata | lèngsèr saking ngarsa aji ||

26. lajêng wau lampahipun | datan winurcitèng margi | Jêng Sinuwun ing Ngalaga | Mêntaram lagya siniwi | sagunge para pratiwa | nung-anung aglar ing ngarsi ||

27. kang munggèng ngarsa sang prabu | Môndhalika Kyana Patih | sang nata alon ngandika | Môndhalika paran iki | kêlamun nyata kakang mas | ingkang jumênêng nêrpati ||

28. Môndhalika nêmbah matur | pukulun gusti sang aji | sênadyan inggih èstua | rakamta kang madêg aji | mênawi parêng ing

--- 3 : 257 ---

karsa | ulun sangêt anggendholi ||

29. jêng paduka arsa tundhuk | sabab duk ramanta nguni | rakanta sangêt sulaya | mila bêdhahing Mêntawis | gih saking raka paduka | kang karya witing prakawis ||

30. mangke gusti têmahipun | angait wadya Kumpêni | dèrèng dumugi ngandika | kêsaru wau kang prapti | Natabrata gya mangarsa | amêcah kaluwak aglis ||

57. Pocung

1. Radèn Natabrata gya tumamèng ngayun | manêmbah suku sang | manguswa lêbu nêrpati | wus pinasthi karsanira Hyang Suksmana ||

2. Radèn Natabrata aturnya mring prabu | têmah ngamandaka | gawe-gawe matur silib | dhuh pukulun kawula sampun lumampah ||

3. karya nata amêspadakna satuhu | dhatêng Kartasura | anêlik rakanta aji | kintên ulun saèstu sutanya Amral ||

4. pan sakêdhik èmpêrnya lan raka prabu | abdi sri narendra | Natakusuma tan apti | umantuka lajêng rêmên asuwita ||

5. dhatêng nata sutaning Amral puniku | awit sinasobya | pinulut gung kang pêparing | ingkang saking sutaning Amral punikuGuru lagu seharusnya: 12a, ingkang saking sutaning amral punika ||

6. sang narendra dupi amiyarsa atur | ribêng ing wardaya | pangunadikaning galih | yèn dudua kang madêg nata kakang mas ||

7. môngsa dadak Si Natakusuma iku | gêlêma suwita | mulane ta iku kari | saking nyata kang ngêdhaton Wanakarta ||

8. kakang êmas iku kang jumênêng

--- 3 : 258 ---

ratu | kêlamun dudua | mokal yèn gêlêma ngabdi | ya ta matur Adipati Môndhalika ||

9. kadospundi ing mangke karsa pukulun | punapa tundhuka | dhatêng sutaning Kumpêni | yèn paduka andhahar atur kawula ||

10. langkung nistha jêng paduka karsa tundhuk | dèrèng sor ing yuda | pukulun sri narapati | sampun madêg narendra nagri Mêntaram ||

11. dhasar sampun ingidin ramanta prabu | ingkang sampun swarga | amêngku rat nungsa Jawi | jumênênga wontên nêgari Mêntaram ||

12. têmah mangke sang nata karsa angunthul | sumiwi narendra | inggih sutane Kumpêni | tiyang sabrang punika ingkang nênêka ||

13. botên labêt angadoni jayèng ripu | nistha langkung nistha | sirna taliti Mêntawis | inggih ingkang amêngku rat nungsa Jawa ||

14. sintên gusti sinêmbah abdi sêdarum | jêng paduka nata | ngêlungsur dados tyang alit | botên wande yèn abdi paduka Jawa ||

15. pan kinarya maesa panganggêpipun | dhumatêng Wêlônda | dinamêl sakapti-kapti | jêr turune narendra nagri Mêntaram ||

16. sampun sirna ngêlungsur dados tyang dhusun | punapa raosnya | panggalih paduka gusti | wus dadya ji têmah dados tiyang rucah ||

17. duk miyarsa sri narendra aturipun | Patih Môndhalika | umadêg suraning galih | angandika dhumatêng para punggawa ||

18. kayaparan pra bupati ing rêmbugmu | miwah pra pratiwa | nung-anung

--- 3 : 259 ---

miwah prajurit | sami nêmbah gumulung ing aturira ||

19. ulun dhèrèk pukulun ing unjukipun | abdi padukendra | Môndhalika Kyana Patih | abdi nata lumados têmpuhing yuda ||

20. nanggulèng prang inggih amangrurah satru | kang don Wanakarta | wong sabrang pêksa dadya ji | amêngku rat ing nungsa Jawa sêdaya ||

21. ingkang abdi upama mundur ing ripu | sanyari kewala | sinosoga saking wuri | ganjur biring cinacah sawalang-walang ||

22. Môndhalika anangis sarwi umatur | benjang gusti kula | inggih yèn sampun ngêmasi | balung kula kadamêl sawat ing mêngsah ||

23. daging ulun kinaryaa obatipun | gusti rambut kula | kadamêla naling bêdhil | binêdhilna inggih dhatêng mungsuh sura ||

24. ing samangke kula gusti sampun sêpuh | yèn Wêlônda mênang | arêtu rat nungsa Jawi | duk ing nguni ulun miyarsa wirayat ||

25. pan winalik ing nungsa Jawi pukulun | pramila kawula | anyênyuwun siyang ratri | mugi tuwan angsala pangèstuning Hyang ||

26. lamun gusti tulusa jumênêng ratu | mêngku nungsa Jawa | mawi bala tiyang kapir | mugi ulun gusti sampun awèt gêsang ||

27. luhung ulun nuntêna tumêkèng lampus | nglampahi ayahan | sang nata sarêng miyarsi | lir jinait raose ingkang wardaya ||

28. madêg sura wusana ngandika asru | lah payo undhanga | siyaga kêprabon jurit |

--- 3 : 260 ---

sarupane kabèh wadyabalaningwang ||

29. ingsun mangsah ing ayuda besuk esuk | kunêng kawarnaa | kang sadhiya ing ajurit | winurcita Jêng Sunan Prabu Mangkurat ||

30. tigang wulan sang nata ing laminipun | dènnya angêdhatyan | anèng Kartasura nagri | duk sêmana mêgatruh ing dina Soma ||

58. Mêgatruh

1. siniwaka sang nata dening wadya gung | pêpak sagung pra dipati | lawan para pratiwa nung | Radèn Nrangkusuma nangkil | manêmbah umatur alon ||

2. ulun unjuk uninga paduka prabu | kawula miyarsa warti | ari paduka Sinuwun | Ngalaga Natèng Mêntawis | ing samangke dandos-dandos ||

3. inggih arsa tumanggah ngandoni ripu | amêrêp paduka aji | saèstu tan arsa tundhuk | sampun umadêg kang baris | sang nata ngandika alon ||

4. yèn mangkono mungguh pawartamu iku | nora kayaa ri mami | gugu ature wong gêmblung | baya ta uwis pinêsthi | ing karsanira Hyang Manon ||

5. apa uwis mangsane lali sadulur | Nrangkusuma karsa mami | ngong tumindak dhewe iku | angundhangana prajurit | dèn samêkta ing palugon ||

6. lan Si Amral sakumpênine ywa kantun | tuwin wadya ngong pasisir | môncanêgara ywa kantun | yaiku wadya Kumpêni | pangane wèhana wuwoh ||

7. bêras iwak bêrambang bawang sing kaduk | jêngkar ngêdhaton [ngê...]

--- 3 : 261 ---

[...dhaton] sang aji | ya ta wau kang winuwus | sagunge para dipati | kang myarsa dhawuh sang katong ||

8. miwah Amral Hèlduwèlbèh sami ngrungu | timbalanira sang aji | lajêng ingundhangan wau | mring Nrangkusuma Dipati | kaptin lopèrès MayorKurang satu suku kata: lan Kaptin Lopèrès Mayor ||

9. litnan sami inggar tyasira sêdarum | datan kawarna ing ratri | ya ta kawarnaa esuk | têngara bêndhe lan bèri | gumêrah sagunging uwong ||

10. wadyabala tata baris ngalun-alun | gêgaman awarni-warni | kadya mêndhung angêndhanu | surêm hyang pratônggapati | kasoran arêbut sorot ||

11. lan busananing kang para pratiwa nung | tuwin busanèng Kumpêni | sêdaya mangangge wulung | lir mêndhung gumandhul langit | mèh tibane ingkang jawoh ||

12. tinêngêran budhal kang baris pênganjur | Jangrana ing Surawèsthi | sisih lawan kadangipun | Surawan Ônggajayèki | asri gêgaman yèn tinon ||

13. bandera bang aciri rewônda pingul | bul-umbul daludag asri | rontègnya abang sêdarum | prajurit ing Surawèsthi | sêmunya atanggon-tanggon ||

14. bupatine nèng têngah panggonanipun | nitih kuda dèn payungi | magêrsari grêbêg pungkur | ingkang sumambung ing wuri | Mangunonêng lan Binarong ||

15. gêgamannya asami têngêranipun | bandera bul-umbul kuning | aciri dirada pingul | nèng têngah bupati kalih | nitih turôngga sinongsong ||

--- 3 : 262 ---

16. kang sumambung ing wuri bupatinipun | Suranata jajarnèki | Sidurja têngêranipun | ijo ciri buta putih | akathah yèn winiraos ||

17. nulya wadya Kumpêni sumambung pungkur | tambure salomprèt muni | asri swaraning dêlanggung | têlase wadya Kumpêni | anuntên wau sang katong ||

18. upacara anèng kanan kering prabu | ing ngarsa wadya prajurit | nitih turôngga sang prabu | rêspati asongsong kuning | têlase wadya sang katong ||

19. Kyana Patih Anrangkusuma sumambung | lan sagung para bupati | sawadya sarta pêpayung | sajuru-juru nèng margi | lamun sinawang saking doh ||

20. ingkang payung lir pêksi krêndha akumpul | umbul-umbul dèn tingali | kadi kaluwung lêlaku | bandera lir obar-abir | swarane janma gumuruhGuru lagu seharusnya: 8o, swarane janma gumuroh ||

21. awor lawan pangrike turôngga barung | lir ombak anêmpuh curi | nalika môngsa kapitu | untabe wadya lumaris | lir wêrdu ôngga sasra wor ||

22. lampahira sagunge wadya pangayun | ing Karècèk sampun prapti | sang nata prapta dêlanggung | lajêng makuwon sang aji | sawadya Kumpêni awor ||

23. sami tata pakuwon anèng Dêlanggu | miwah ta rêkyana patih | tuwin bupati sêdarum | anèng Dêlanggu amrêgil | angapit-apit sang katong ||

24. dene wadya ingkang manganjuri laku | Mangkuyuda kang nindhihi | lan sagung para tumênggung | pasisir môncanêgari [môncanêga...]

--- 3 : 263 ---

[...ri] | ginêlak lampahnya anjog ||

25. anèng Pokal Mangkuyuda sampun rawuh | lan sagung wadya pasisir | môncanêgara sêdarum | nulya sami tata baris | nèng ngriku sami makuwon ||

26. sri narendra gya budhal saking Dêlanggu | tan pisah wadya Kumpêni | Dipati Nrangkusumèku | anèng wurine sang aji | sampun prapta ing Malinjon ||

27. anèng ngriku sang nata lajêng kêkuwu | tan pisah wadya Kumpêni | sagunging wong dhusun-dhusun | gègèr bubar sami ngili | bêkta anak tuwin bojo ||

28. ana ngili marang alas gunung-gunung | lan raja darbèke sami | giris mulat baris agung | wênèh ngili nèng nêgari | ingkang sugih anak rêpot ||

29. ingkang wadon ngêmban anak lagi nusu | sapihane dipun indhit | kang lanang anak pinanggul | binopong ingkang sawiji | kêkalih ingkang ginendhong ||

30. bêrasira anèng ing kisa pinikul | sarwi linayanan angkring | wontên siji janma sêpuh | kuru duwe lara mêngi | mangan madat datan towong ||

31. kagèt gugup praptane kang baris agung | lumayu marang wanadri | pêkakas sêdaya kantun | pêtagihanira prapti | gêloso mundur tan enjoh ||

59. Durma

1. kawarnaa Sang Aprabu ing Ngalaga | enjing miyos siniwi | andhèr pra prawira | nung-anung munggèng ngarsa | Arya Môndhalika nangkil | Gajahpramada | Tumênggung

--- 3 : 264 ---

Jagapati ||

2. Arya Surajaya lawan Tambakbaya | munggèng ngarsa sang aji | Dêmang Kalang seba | lawan Ngabèi Jênar | Panji Banco anèng ngarsi | Rôngga Pitêrah | Nilaprabôngsa nangkil ||

3. sira Arya Môndhalika atur sêmbah | pukulun mêngsah prapti | arsa mangruraha | ngrabasèng praja nata | panganjure ingkang baris | nèng Parambanan | langkung agêng kang baris ||

4. sri narendra nèng Malinjon mêsanggrahan | sampun atata baris | ya ta duk miyarsa | sang nata sru ngandika | payo undhangêna aglis | wadya Mêntaram | sun arsa mapag jurit ||

5. Môndhalika apa gêlaring ayuda | aprang lawan Kumpêni | beda lan Madura | matur Ki Môndhalika | yèn parêng paduka aji | gih pinartiga | amrih kiwuling jurit ||

6. jêng paduka gusti ingkang dados dhadha | kanan ulun nadhahi | ing kering punika | inggih Gajahpramada | sigra têngara ngajurit | wadya kumêrab | gumêr gumuruh atri ||

7. pra prawira nung-anung sampun siyaga | tunggul têngêran asri | sami amêlatar | gêgaman warna-warna | saingga layung nèng langit | bandera abra | bul-umbul daludag sri ||

8. bêndhe munya budhal sagunging gêgaman | anglir prawata gêni | panganjuring yuda | Ki Arya Môndhalika | Gajahpramada nindhihi | Surônggakara | lawan sagung prajurit ||

9. sri narendra têdhak anitih turôngga |

--- 3 : 265 ---

aran pun komasaris | abrit ulêsira | rinêngga busana bra | wadya kêparak mêrapit | grêbêg sang nata | munggèng ing kanan kering ||

10. sri narendra busananya abra mubyar | baju baludru wilis | binalênggi ing mas | sinuji tinatirah | tinarètès manik warih | cindhe puspita | lancingan panji-panji ||

11. apaningsêt têsbèh sêrate rinêngga | dhêstar genjong kinitir | mubyar tali abra | mancur akêthap-kêthap | ujwalanya angênèni | asêrawungan | dhasar warnane pêkik ||

12. datan môntra lamun janma madyapada | lir Nabi Yusup swargi | apan sri narendra | lagya yuswa tri dasa | layak pamujwèng apsari | sêdhêng mong sura | pasêmon wêngit manis ||

13. pan kinubêng ing magêrsari akapang | satus wong numbak putih | acêlana jênar | abajo têratean | gumêrgut tandange baris | pangulunira | lumajêng marêk ngarsi ||

14. adhuh gusti kawula tumut ayuda | sang nata ngandika ris | hèh pangulu aja | karia tunggu pura | besuk lamun ngantêp jurit | sira mèlua | nèng alun-alun benjing ||

15. kawarnaa lampahira sri narendra | wus prapta kali Anjir | wadya Kartasura | kang baris Pêrambanan | dènnya mapag anèng Taji | cucuking yuda | kapranggul kali bêning ||

16. wong Kalagan tandangira kadi yêksa | mulat ing mungsuh prapti | sami ngangah-angah | sigra sarêng nêrajang | wong

--- 3 : 266 ---

Kartasura nadhahi | têmpuhing yuda | rame bêdhil-bidhilKurang satu suku kata: rame bêdhil-binêdhil ||

17. sigra Arya Môndhalika tur uninga | mring gusti sri bupati | yèn wadya Mêntaram | sampun campuh ing yuda | angandika sri bupati | hèh ta adhi mas | Panular dipun aglis ||

18. anggonana yaiku pacaraningwang | sira sun gawe wakil | nganggo têngran ingwang | sun adhi marang ngarsa | umomor arsa udani | tandange mêngsah | sang nata gya umèksi ||

19. gya mangarsa sampun prapta Pêrambanan | wadya sami udani | yèn sri naranata | prapta tan mawi bala | wadya gung anêmpuh jurit | wadya Kalagan | tan ana ngeman pati ||

20. tinadhahan ing ganjur kêlawan watang | pêngkuh wadya Mêntawis | nusup yudanira | gègèr wong Kartasura | malêdug bubar angisis | dhadhal sangsaran | angêmbul marang Taji ||

21. wong Kalagan wus angancik Pêrambanan | angrampit marang Taji | sampun tinadhahan | Tumênggung Mangkuyuda | sêksana ngangsahkên baris | lan Natayuda | angawaki ing jurit ||

22. dyan umangsah Mangkuyuda Natayuda | saha bala mangukih | prapta wong Mêntaram | nung-anung samya mangsah | supênuh wadya ing wuri | wong Kartasura | Mangkuyuda nadhahi ||

23. pra prawira Kalagan sarêng mangrampak | anuduk angakahi | tan angeman pêjah | andulu mungsuh sura | lir andulu rara sunthi | dulu tikswara | angrangap sarta lungid ||

--- 3 : 267 ---

24. lir andulu kênya munggèng jroning tilam | Arya Môndhalika glis | angêtap turôngga | mangarsa sumbar-sumbar | pantèn mundura sirèki | sapa ranira | maksih anom sirèki ||

25. anauri Ki Tumênggung Mangkuyuda | rêbutên ing juritKurang satu suku kata: rêbutên ing ajurit | ingsun Mangkuyuda | gumuyu Môndhalika | hèh ragane sira iki | sasêngkan anyar | anak wong dhudhuk gangsir ||

26. ing samêngko mangsane pèthèk amijah | usume kali banjir | kèh sasêngkan anyar | turune wong anyantrang | ya padha dadi bupati | mulane iya | akèh wong lali gusti ||

27. ingsun eman lah payo sira mundura | bok punukmu nulari | kêlangkung bramatya | Mangkuyuda anumbak | tumèmbêl baune kêni | Ki Môndhalika | gumuyu sarwi angling ||

28. bocah Kêdhu sira iku têka pugal | sun walês sira mati | pantèn lumayua | Amralmu parènèkna | Mangkuyuda nolih wuri | wadyanya gêmpang | sigra ngingêr turanggi ||

29. wus sinabêt turôngga nututi bala | dyan ingêlud tumuli | marang wong Kalagan | tan ana tumanggaha | kèndêl Tangkisan abaris | wadya Kalagan | kèndêl anèng ing Taji ||

30. Ki Tumênggung Mangkuyuda tur uninga | marang sri narapati | Jêng Sunan Mangkurat | wadya Kalagan prapta | prasami wuru ing jurit | angangah-angah | tan wontên nolih wuri ||

60. Pangkur

1. sri narendra duk sineba | nèng pakuwon dening para

--- 3 : 268 ---

prajurit | angandika sang prabuKurang satu suku kata: angandika sang aprabu | nyata si adhi êmas | lali bangêt iya marang jênêng ingsun | Ki Tumênggung Sidurêja | manêmbah aturira ris ||

2. têkaping ngabyantarendra | duk ayuda pun Mangkuyuda gusti | wontên satriya nom bagus | kados rayi paduka | kang sun pinta marang Suksmana Kang Agung | si adhi muga elinga | besuk satêngahing jurit ||

3. sakabèhe wadyaningwang | yèn adhi mas wus katon ing ajurit | padha piyakna dèn gupuh | maranga wuriningwang | ana ngêndi mêngko dhimas ênggonipun | Nrangkusuma matur nêmbah | ing Kêmalon dènnya baris ||

4. kunêng enjing kawarnaa | Sri Narendra Ngalaga ing Mêntawis | namur wadya barisipun | momor Ki Môndhalika | kang nèng Taji sêmana alon umatur | wau Arya Môndhalika | gusti kundura mring puri ||

5. nadyan gusti ayudaa | yèn wadyanta wus tumpês ing ajurit | ngantêp prang nèng alun-alun | ngandika sri narendra | ingsun arsa uninga solah tingkahmu | manira anglugas raga | kêprabon ingsun nêrpati ||

6. ingong purih ngênggonana | marang adhi Arya Panular iki | ya dadia wakil ingsun | kêsaru gègèr ngarsa | baris agêng saking Kartasura rawuh | miwah kang wadya Wêlônda | ya ta wadya ing Mêntawis ||

7. wadya gung kamangkuratan | ambêlabar lir robing jalanidhi | wadya Kumpêni lir mêndhung | miwah môncanêgara | kang pangawatgadan Sidurja Tumênggung | kering

--- 3 : 269 ---

Dipati Urawan | Nrangkusuma anèng wuri ||

8. têngara bèri wurahan | bêndhe tambur barung kêlawan suling | swarane umung gumuruh | lir ombak nêmpuh parang | wong pasisir ngungkung Kodhokngorèkipun | gêgaman abra asinang | lir pendah prawata gêni ||

9. ya ta Sang Prabu Mangkurat | wus angrasuk ngagêm cara Kumpêni | akêkaos asêpatu | rasukan lapis tiga | têbah jaja alêlungsir ing mas tatur | mojah sinuji toya mas | pan asri kinitir-kitir ||

10. abêbadhong susun tiga | têtirahe sinawur ing rêtna di | bramaksa ujwala murub | arja kuluk jangkangan | tinatrapan ing mas jingga ing karuwus | yèn tinon saking kadohan | lir gurnadur angêjawi ||

11. anyuriga pêdhang usar | anggarira binrayut ing mas adi | têbah jaja tali rukuk | rinantèn ing mas jingga | sinêlanan ing mas kumala di murub | sang prabu lênggah ing dhampar | kucêm sagung ingkang nangkil ||

12. kungkulan ujwalèng nata | lir purnama têmpuh lawan hyang rawi | sri narendra ngandika sru | lah payo budhalêna | kayaparan wartane wadya Mêntarum | Arya Sidurja manêmbah | abdi dalêm kang pangarsi ||

13. sampun campuh ing ayuda | langkung rame gusti bêdhil-binêdhil | mundhut turôngga sang prabu | sumaos ing ngayunan | kêkambile cinara Walônda murub | sêdaya sinuji rêtna | rinumpaka ing mas [ma...]

--- 3 : 270 ---

[...s] adi ||

14. sampun anitih turôngga | budhal saking pêsanggrahan nêrpati | swarane wadya gumuruh | pan kadya calapita | cucuking prang agênti buru-binuru | tandange wadya Kalagan | kadi buta môngsa daging ||

15. wadya Bagêlèn wus adat | yèn apêrang wani katêmu wuri | yèn uga bêcik kang ngadu | kadya Bugis Mêkasar | Bugis Jawa wong Bagêlèn tuwin Kêdhu | yèn prayoga tindhihira | wani gêlut lan Kumpêni ||

16. Tumênggung Gajahpramada | mingêr ngiwa balanira dèn irid | ing Karapyak kang jinujug | anjog ing Ngantinika | Arya Môndhalika ing pangiridipun | anurut gunung mangetan | Pamutihan kang dèn jogi ||

17. dene ingkang dadya dhadha | Pangran Arya Panular kang nindhihi | wong Bagêlèn kang dèn pangku | Ki Arya Tambakbaya | Arya Surajaya ingkang munggèng ngayun | sêsabête pêbarisan | Arya Panular nindhihi ||

18. rame campuhing ayuda | wong Kalagan tan ana ngeman pati | Arya Surajaya nêmpuh | lan Arya Tambakbaya | pan gumêrah wong Bagêlèn surakipun | campuh prang ulêng-ulêngan | wong Kalagan ambêg pati ||

19. Jêng Sinuhun ing Ngalaga | amiranti anèng wurining baris | ya ta wau kang prang pupuh | pêngkuh wong Kartasura | wong Kalagan ngamuk kadi banthèng tatu | kang tinêmpuh bubar-bubar | tan ana kang môngga pulih ||

20. mawur

--- 3 : 271 ---

wadya Kartasura | sirna larut angungsi marang wuri | Arya Môndhalika nêmpuh | saking kidul sumahab | Ki Tumênggung Jangrana ingkang tinêmpuh | anadhahi Môndhalika | lawan Arya Sidurjèki ||

21. arame têmpuhing yuda | Môndhalika angamuk ambêk pati | nêmpuh saha wadyanipun | swara kadi ampuhan | Ki Tumênggung Gajahpramada anglambung | saking kilèn saha wadya | Ki Urawan kang nadhahi ||

22. wau Ki Tumênggung Dêmak | Suranata sigra wau tinuding | têtulung Urawan gupuh | angiwa sabalanya | wong Kalagan apêngkuh pangamukipun | Tumênggung Gajahpramada | Suranata kang nadhahi ||

23. wadya lit êlong-linongan | Ki Tumênggung Gajahpramada nênggih | akuwat pangamukipun | anggolong sabalanya | pra sêntana sêdaya sarêng angamuk | Ki Tumênggung Suranata | wadyanira akèh mati ||

24. rame prang ulêng-ulêngan | silih watang sawênèh gênti kêris | pêdhang-pinêdhang atarung | ana sêbrak-sinêbrak | ana gêlut sawênèh jagur-jinagur | ana kang jambak-jinambak | udrêg abanting-binanting ||

25. swarane wadya kêbranan | ting jalêrit asambat kaki nini | bapak aku jaluk tulung | gon ingsun ngaji jaya | ngapirani ana sambat rabi sunu | wadya Kalagan karoban | ngurugan dening pêpati ||

26. ing wuri saya gung prapta | angêbyuki marang wadya Mêntawis | anapung saya gung

--- 3 : 272 ---

rawuh | Kudus Pathi Jêpara | lan wong Rêmbang Lasêm umangsah têtulung | prawira Gajahpramada | dipun urugi pêpati ||

27. Tumênggung Gajahpramada | karepotan wadyane akèh mati | wantu wong karoban mungsuh | salah pangamukira | ki tumênggung sinosok ing lêmbing busur | apan wus karsaning Suksma | ki tumênggung nandhang kanin ||

28. kêna mimis kalataka | wêntisira Gajahpramada kanin | sêmana tiba alungguh | wau Gajahpramada | ya ta wontên sêntanane ki tumênggung | awasta Ki Rônggajaya | ingkang paman dèn tangisi ||

29. awêtara kalih dasa | sêntanane kang datan kêna têbih | Ki Rônggajaya umatur | paman lah pinaraka | sun titihkên turôngga suwawi mundur | ki tumênggung datan arsa | mundur satêngahing jurit ||

61. Durma

1. inguculan ki tumênggung bêntingira | cindhe puspita wilis | tatu ingambênan | alon dènira mojar | Rônggajaya anak mami | sun amit pêjah | aturna sêmbah mami ||

2. marang Kangjêng Susuhunan ing Ngalaga | anangis dalêm ati | nênêdha ing Suksma | gustiku sri narendra | mugi ana kang nulungi | lanang ayuda | tulusa madêg aji ||

3. abdi dalêm gusti mangke amit pêjah | dados botên mênangi | kawula wus sêpah | tuwuk tampi kêkucah | rama paduka sang aji | momong sang nata | mangke tan ngantya lami ||

4. pra sêntana miyarsa nangis sêdaya [sê...]

--- 3 : 273 ---

[...daya] | prasami anggendholi | ngajak lumayua | wadya wus têlas pêjah | Gajahpramada Dipati | pamuwusira | padha muliha sami ||

5. ingsun uwis pinêsthi dèning Hyang Suksma | mungsuhnya akèh prapti | saking kering kanan | ambêdhil datan kêna | wusira ngambêni kanin | anitih kuda | ngêmbat watangirèki ||

6. mangsah ngrana sarwi anyamêthi kuda | pêksa kiwul ing jurit | lir detya mêmôngsa | mangukih pangamuknya | binendrong kinrutug bêdhil | kering myang kanan | sinosog busur lêmbing ||

7. wong sawiji lah sapira kuwatira | nadyan balunga wêsi | kulita têmbaga | asungsuma gêgala | pêsthi rêmpu sarirèki | Gajahpramada | pan sampun angêmasi ||

8. sêntanane kathah ingkang sami bela | lumayu ingkang urip | dhadhal barisira | angêmbul ngungsi dhadha | Arya Môndhalika maksih | mangamuk sura | ingurugan pêpati ||

9. Ki Tumênggung Dêmak ngingêr barisira | marang kanan nulungi | myang wadya Jêpara | wong Lasêm lan Juwana | prasami têtulung jurit | kang baris kanan | gumrah swaraning jurit ||

10. Ki Dipati Cakraningrat tulung ing prang | nadhahi ing ajurit | Arya Môndhalika | dèn urugi pêpêjah | maksih kiwul ing ajurit | dhomas wadyanya | sami ngamuk mangukih ||

11. ramening prang asor duk prang Trunajaya | wong Mêntaram prang lali | Arya Môndhalika | rêmpêg pangamukira [panga...]

--- 3 : 274 ---

[...mukira] | tan wontên purun nadhahi | gêmpang suh sirna | wong Kalagan lir bêlis ||

12. sumbar-sumbar sira Arya Môndhalika | rêbutên ing ajurit | iki Môndhalika | kêthote wong Mêntaram | ingkang momong sri bupati | Natèng Ngalaga | lah payo wong pasisir ||

13. baya iki usume dhorang amijah | mangsane kali banjir | kèh sasêngkan anyar | kumaruk payung bawat | mulane lali mring gusti | wijil wong nyantrang | mêngko dadi bupati ||

14. Suranata turune wong bêdhog ayam | nora wêruh ing bêcik | apa cacadira | Gusti Sunan Ngalaga | mring sira wus gawe bêcik | Si Dêmak edan | badhog tai Kumpêni ||

15. sakêlangkung bramatya Ki Suranata | ngêmbat watang kumitir | lawan sawadyanya | Ki Arya Môndhalika | tan gumingsir anadhahi | campuhing yuda | kapanggih padha wani ||

16. wadya Dêmak kadya banthèng katriwandhan | sagung wadya pasisir | samya ngangah-angah | surambêk mrih jayèng prang | dene mêntas amatèni | Gajahpramada | milanya bèr kuwanin ||

17. Môndhalika prayoga ngangsahkên bala | tandange golong pipis | cinorok tan kêna | saking ramening yuda | prasami wuru ing jurit | Ki Môndhalika | tandange lir rasêksi ||

18. ramening prang tambuh mungsuh lawan rowang | rame rok silih-ukih | agêbang-ginêbang | sami watang-winatang |

--- 3 : 275 ---

sèlèh watang gênti kêris | dugang-dinugang | ulêng bithi-binithi ||

19. tan kuciwa wong Dêmak lan Môndhalika | udrêg bithi-binithi | ajambak-jinambak | banting-binanting samya | tumbak putung ting carêngkling | kadya ru-ara | sambate wadya kanin ||

20. wong pasisir sampun kathah ingkang pêjah | Kumpêni anulungi | Arya Môndhalika | binendrong ing sênjata | kados bajo angêjawi | Ki Môndhalika | wadyanira kèh mati ||

21. kang katrajang kapalipis saking wuntat | Môndhalika prajurit | kadya saradula | galak amôngsa janma | sinosok busur lan lêmbing | ganjur gudebag | tan ana kang nêdhasi ||

22. pan kasaput ing dalu kala sêmana | mundur makuwon sami | Arya Môndhalika | langkung ngungun miyarsa | Gajahpramada ngêmasi | katur sang nata | sangêt rudityèng galih ||

23. kawarnaa Kangjêng Suhunan Mangkurat | kinubêng ing prajurit | kang wadya bêlabar | pirang pandêlêng sinang | miwah prajurit Kumpêni | samya gêgubah | lan sang nata tan têbih ||

24. pra dipati sêdaya sami ngandikan | marang ngarsa sang aji | wus pêpak sêdaya | sagung para dipatya | Anrangkusuma wotsari | matur sang nata | yèn dipati ngêmasi ||

25. ing ayuda tunggul wadyanira rusak | pamuknya tyang Mêntawis | kalangkung sudira | sagung wadya Kalagan | sang nata ngandika aris | dhuh yayi êmas | wignya ngadu prajurit [praju...]

--- 3 : 276 ---

[...rit] ||

26. mêngkonoa tarunge wadya Mêntaram | duk prang Madura nguni | pêsthi nora bêdhah | dening wadya Madura | wadya Mêkasar pamaning | môngsa bangkata | ambêdhah ing Mêntawis ||

27. kawarnaa kang gêgubah ing Tangkisan | gantya winuwus malih | Sang Prabu Ngalaga | kang anèng Parambanan | ginubêl kang para mantri | sarwi ngaturan | mundur dhatêng Mêntawis ||

28. sira Arya Môndhalika aturira | adhuh gusti sang aji | suwawi kondura | sanadyan ngantêp yuda | ing alun-alun lèr benjing | sri naranata | nurut aturing dasih ||

29. dadya budhal sang nata saha balanya | ingkang tinilar baris | anèng Pêrambanan | Rôngga Wiradipura | kêkalih lan kônca mantri | Ki Pulangjiwa | dadya kawal ing jurit ||

30. sri narendra prapta salêbêting kutha | nèng alun-alun baris | Arya Môndhalika | têtungguling ayuda | Pangran Panular wusdening | tuwin kang paman | Pangran Pamênang wèni ||

62. Sinom

1. punika ingkang pêputra | Pangeran Pamênang nênggih | Pangran Silarong ing kina | dadya paman pêrnahnèki | kêlawan sri bupati | Sunan Ngalaga Mêntarum | kunêng kang baris praja | kawarnaa sri bupati | Amangkurat budhal saking pêsanggrahan ||

2. gumuruh kang wadyabala | kang dadya panganjur baris | Jangrana ing Surabaya | Surônggakara pasisir | Pêrambanan kang baris | katêrajang bubar

--- 3 : 277 ---

larut | tan ana ingkang nglawan | lajêng lampahirèng baris | kali Anjir lampahira sampun prapta ||

3. sang nata saha wadyanya | tanapi wadya Kumpêni | sawêngi lêrêp Jarakan | enjing budhal sri bupati | tinata ingkang baris | de wus parêk lawan mungsuh | panganjure wus mêdal | lajêng anata prajurit | sami lèrèh ajêngan sawang-sinawang ||

4. wong Kêlagan barisira | amêlatar amiranti | nanging tan ana kang mêdal | anèng alun-alun baris | samya ngantêp ing jurit | wadya pasisir sêdarum | akapang akalangan | ing Karandhon dènnya baris | pan anganti parentahira sang nata ||

5. sagunge para dipatya | ya ta wau sri bupati | sampun ingaturan wikan | yèn ingkang rayi sang aji | mêmpên ing jro nêgari | baris anèng alun-alun | Sang Aprabu Mangkurat | tinata sagunging baris | pangawake kering kanan miwah dhadha ||

6. sampun sami asiyaga | sagunge para prajurit | kêndhang gong bèri wurahan | tambur wor swaraning suling | kunêng wuwusên malih | Sunan Ngalaga Sang Prabu | sampun anata bala | tunggulira sri bupati | gula klapa banderanira sang nata ||

7. lêlayu tinêngêr samya | kang nyêkêl banderanèki | apan sampun sinalinan | milih ingkang para mantri | kang prakosa tur wani | kang ngampil banderanipun | mariyêm gêng ngisenan | nênggih [nêng...]

--- 3 : 278 ---

[...gih] Kyai Guntur Gêni | kang jagani bupati ingkang pinatah ||

8. nulya têngara tinêmbang | bêndhe bèri tinitirKurang satu suku kata: bêndhe bèrinya tinitir | ki pangulu barisira | kumpul lawan kêtib modin | angadhêp sri bupati | panêdyanira sêdarum | matia sabilollah | ayuda kalawan kapir | wong Kalagan Kodhokngorèknya tinêmbang ||

9. anèng sitinggil gènira | ya ta wau kang winarni | wadyabala Kartasura | umangsah kang anèng kering | kanan dhadha ngêbyuki | wong Kalagan kang tumangguh | kang baris anèng pasar | sampun panggih kang ajurit | Môndhalika rame campuhing ayuda ||

10. angamuk sabalanira | anglir detya andon daging | wadyabala Kartasura | pasisir kathah kang prapti | Môndhalika nadhahi | Surajaya rewangipun | tuwin para pratiwa | nung-anung prameya mantri | myang prajurit sadaya sarêng umangsah ||

11. swaraning sênjata munya | lir pendah guntur ing wukir | sagung wadya ing Mêntaram | sampun anampèni wangsit | piyak nganan angering | sêksana sinumêd sampun | Guntur Gêni subrastha | Ki Pamêcut dèn sumêdi | sarêng muni kadi rêbah kang akasa ||

12. tumpês sirna suh sêdaya | wadya ingkang kapangarsi | wadyabala Kartasura | kathah longe kang ngêmasi | mangkana sri bupati | Kumpêni ingatag gupuh | umangsah ing ayuda | Tuwan Amral angabani | tambur muni gumrudug sanjatanira ||

13. kadi mêcahêna

--- 3 : 279 ---

karna | gagap gugup anggagapi | Kumpêni sigra sinipat | mariyêm kathah kang muni | Kumpêni kathah mati | wong pasisir mawut-mawut | dhadhal gusis wus sirna | tan ana kang môngga pulih | Sang Prabu Mangkurat nindhihi yudaKurang satu suku kata: Sang Aprabu Mangkurat nindhihi yuda ||

14. anyandhak Kiyai Bicak | tinabuh tinitir-titir | swara ngangkang nèng awiyat | kadya mêcahêna kuping | sagung wadya pasisir | sêdaya sami angrungu | swaranira Ki Bicak | angungkung anèng ing langit | madêg sura kadya jangkrik kinilenan ||

15. sagunge para dipatya | umangsah tan ngeman pati | miwah wong môncanêgara | ingkang ajrih têmah wani | wadya Kalagan sami | tan ana kang ngeman lampus | tangkêp malih kang yuda | kunarpa susun atindhih | bêdhil muni mimisira kadi udan ||

16. wadyabala ing Kalagan | ing yuda karoban tandhing | wus akathah ingkang pêjah | Môndhalika ngamuk jurit | pangulu kêtib modin | mêrbot sarêng sami ngamuk | binendrong ing sênjata | Kumpêni bêdhilirèki | kathah pêjah wadyabala ing Mêntaram ||

17. Môndhalika langkung sura | para bupati ngêbyuki | sinosog ganjur gudebag | sêrampang utawi lêmbing | nanging datan nêdhasi | Môndhalika langkung têguh | upama yèn pasaha | pêsthi nora dadi takir | praptèng têkdir Ki Môndhalika palastra ||

18. nanging kulite tan pasah | rêmuk bêbalungirèki | ngalumpruk kinrubut [kinru...]

--- 3 : 280 ---

[...but] kathah | ya ta wau sri bupati | dipun aturi uning | Arya Môndhalika lampus | kalangkung dukanira | jaja bang mawinga wêngis | wêdana bang andik kang netra ngantirah ||

19. karsa ngawaki ngayuda | sêkarine kang ngêmasi | wadyabala ing Mêntaram | garêbêg sri narapati | wau ta sri bupati | sêksana anyandhak gupuh | Kyai Plèrèd ingasta | dèn êmbat tininggil-tinggil | arsa mangsah ngayuda sri naranata ||

20. wadyabala sarêng mangsah | manêngah bêg surèng jurit | Surajaya Tambakbaya | Kalang Bocor mangsah sami | tuwin kang para mantri | kotbuta sarêng umagut | dene ta gustinira | anindhihi ing ajurit | sagung wadya kamangkuratan umangsah ||

21. anadhahi wong Mêntaram | sampun ngamuk golong pipis | singa katrajang tumpêsan | sagunge para bupati | awas dènnya ningali | ingkang ngawaki ing ripu | Suhunan ing Ngalaga | lumayu para bupati | samya bubar lumayu ngungsi wurinya ||

22. ing Gusti Sunan Mangkurat | Sidurêja matur aris | punika ari narendra | angawaki ing ajurit | ambêg sudirèng wèsthi | kang para dipati mawur | kagyat sri naranata | wusana ngandika aris | dèn akêbat bocah padha apiyaka ||

23. hèh ta Amral dipun inggal | anaa ing wuri mami | mênawa si adhi prapta | Ki Urawan matur aris | paduka sri bupati | racuta rasukanipun | mênawi ri narendra | ningali sang nata

--- 3 : 281 ---

pangling | inggih gusti ing têmah dados punapa ||

24. wau kawula uninga | rayi dalêm sri bupati | Ki Palèrèd kang dèn asta | umèsêm sri narapati | Urawan aturnèki | sang nata sigra angracut | rasukan karpusira | ya ta wau sri bupati | ing Ngalaga pangamuke sampun pêrak ||

25. sêmana kagyat tumingal | ingkang dèn songsongi kuning | saking têbih ngulap-ulap | nyata kang raka sayêkti | têdhak saking turanggi | apan sarwi awotsantun | sujud sumungkêm kisma | sigra nitih kuda malih | dèn ingêrkên sinabêt ponang turôngga ||

26. lampahe turôngga ngêmprang | wus dhadhal barisirèki | jêngkar Jêng Sunan Ngalaga | saking kutha ing Mêntawis | sagung wadya Mêntawis | sêdaya sami tut pungkur | nututi sri narendra | ingkang sinêdya ing galih | mring Bagêlèn ingkang arsa jinujuga ||

27. tan pisah sawadyanira | sagunge wadya Mêntawis | solahe asalang-tunjang | lampahe samargi-margi | lumuh pisah sang aji | sang nata ing lampahipun | rangu-rangu nèng marga | kang cinipta ing panggalih | dene yêkti kang raka sri naranata ||

28. langkung pangunguning driya | kaduwung solahing nguni | dhahar tur angamandaka | kayaparan solah mami | lamun sebaa mami | marang kangmas sang aprabu | bangêt isin manira | yèn tulus mungsuhan mami | pêsthi kalah pan kari kèh wadyaningwang ||

29. paran ta ing rèh manira |

--- 3 : 282 ---

têmah putêg ing panggalih | nèng marga kèndêl sang nata | sawadya tan ana kèri | ngandika mring kang rayi | Pangeran Panular arum | adhi mas kayaparan | parentah ta solah mami | dene nyata kakang mas kang madêg nata ||

30. dora kang asung pawarta | iya sutane Kumpêni | Pangran Pamênang lon turnya | anak prabu yèn suwawi | kula miyarsa warti | wontên tiyang madêg ratu | inggih tanah Salinga | prawira guna yêktiKurang satu suku kata: prawira guna sayêkti | kathah tyang sami suyud andhandhanggula ||

63. Dhandhanggula

1. yèn pinarêng paduka panggihi | amundhuta karyane sapisan | lan ingêbang sapatute | lamun ngêntasi kewuh | sanggup milya karya nrêpati | ya ta sagung punggawa | ariyêg ing atur | aturnya Pangran Pamênang | yèn suwawi ingayon rakanta aji | inggih sapisan êngkas ||

2. budhal saking Bagêlèn kang baris | wadyabala umiring sêdaya | marang Salinga jujuge | sigêgên kang winuwus | ya ta ingkang kocapa malih | gêmpalane carita | sira Raja Namrud | kang umadêg ing Salinga | wong têngahing lêdhok prasami angabdi | inganggêp raja-raja ||

3. Raja Namrud amiyarsa warti | lamun nata kasoran ngayuda | arsa angungsi dhèwèke | apêpak barisipun | kang têngêran bul-umbul wuri | kathahe winitara | kang suyud mring Namrud | gêgaman rongèwu ana | arsa [ar...]

--- 3 : 283 ---

[...sa] mêthuk Sang Prabu Ngalaga nênggih | warnanên kang lumampah ||

4. sampun prapta Salinga sang aji | Raja Namrud amêthuk sang nata | wus tundhuk ngabyantara ge | gya uluk salam gupuh | Raja Namrud angrangkul gipih | dhuh sutanipun bapa | anggèr wong abagus | Wong Agung Bancèrbêlarat | mung sawiji cacade kasoran jurit | dhuh nyawa eman-eman ||

5. angungsia pun bapa rumiyin | enggal lamining wus mênang yuda | mung kari mangkru-mangkrukemangkruk-mangkruke | sarwi enak cêcathut | kula nguni tulung ajurit | amungsuh lan Wêlônda | têmpuhipun ripu | ngong êmpok kewala minggat | ya ta wau wus sami tata alinggih | anèng kêdhatonira ||

6. kawarnaa kang anèng Mêntawis | nênggih Kangjêng Suhunan Mangkurat | kang baris kutha Palèrèt | kang agung kapirangu | dahat onêng rinta nêrpati | wus pêpak ingkang wadya | kinèn ngungsir wau | mring Jêng Sunan ing Ngalaga | awasêna ing lolose ari mami | kang dhinawuhan mentar ||

7. wadya ingkang dinuta sang aji | Kyai Tumênggung Wirawidagda | Mangkuyuda lan arine | wêtara tigang èwu | wadyabala ingkang tut wuri | anrapakên arahan | wong desa kang nungkul | abaris anèng Parapag | nênggih bumi Bagêlèn kang dèn barisi | wuwusên sri narendra ||

8. sampun budhal saking ing Mêntawis | tan winarna [wi...]

--- 3 : 284 ---

[...narna] lampahirèng marga | wus prapta Kartasurane | sang nata angêdhatun | sangêt trênyuh raosing galih | tikbra ing ari nata | adhuh ariningsun | Dipati Pugêr yayi mas | lali têmên sira marang jênêng mami | yèn awèt mangkenea ||

9. pêsthi awèt rusake kang bumi | yèn adhi mas sulaya lan ingwang | tan enak jênêng ngong rajèng | ya ta carakanipun | ingkang tugur Parapag prapti | tur uningèng narendra | yèn ari sang prabu | Nata Ngalaga wus pêrnah | ing Salinga gènipun umadêg baris | Namrud bêbotohira ||

10. tan winarna wau Sri Bupati | Kartasura wau kawuwusa | Sri Bupati Ngalagane | nèng Salinga kêkuwu | Raja Namrud ingkang nanggupi | bêdhahing Kartasura | ing samangsanipun | marmanya ingêla-êla | Raja Namrud pinaringan èstri luwih | sêntana sanak misan ||

11. pan ingajak umagut ing jurit | nênggih tansah sinôngga ing krama | datanpa wêkas sanggupe | têmah kaku tyasipun | Natèng Nglaga dèn sêmayani | dene Pangran Pamênang | sangêt aturipun | dhuh anak prabu dèn sabar | sabudine pun Namrud dipun turuti | sagêda dados rewang ||

12. Natèng Nglaga wus gêla kang galih | sigra budhal lan sabalanira | marang Bagêlèn karsane | sang nata akêkuwu | lajêng dènnya apacak baris | Ki Arya Tambakbaya [Tambakba...]

--- 3 : 285 ---

[...ya] | kang kinarya wau | senapatine ngayuda | lan kang ari Ki Arya Surajayèki | miwah Surônggakara ||

13. wong Bagêlèn kathah ingkang prapti | sami bêkta sagêgamanira | pan sampun dadi barise | sigra budhal sang prabu | ingkang baris Prapag ginitik | marang Ki Tambakbaya | lan Surajayèku | wong Kartasura tan wikan | yèn linanggar arame campuhing jurit | wong Kartasura dhadhal ||

14. panyanane sang nata nindhihi | Kangjêng Sunan Ngalaga umangsah | rêbut dhucung pêlayune | wadya Bagêlèn anglud | saparane dipun tut wuri | wus prapta ing Mêntaram | maksih dèn bêburu | dêdamêl ing Kartasura | sigra mandhêg prasami apacak baris | wau Sunan Ngalaga ||

15. nèng Mêntaram samadya sasiKurang satu suku kata: nèng Mêntaram pan samadya sasi | wong Mêntaram kathah ingkang prapta | kinêrig sadêdamêle | Pangran Panular wau | kang kinarya cucuking baris | tan pisah lan kang raka | saparane tumut | nanging Pangeran Pamênang | maksih kantun anèng ing Salinga baris | milya Namrud Narendra ||

16. apan arsa jinunjung nêrpati | marang Namrud Pangeran Pamênang | mila anut barang rèhe | warnanên Sang PrabuKurang satu suku kata: warnanên Sang Aprabu | ing Ngalaga budhal tumuli | saking nêgri Mêntaram | pan arsa umagut | mangrurah ing Kartasura | baris agêng môngka panganjuring jurit | Ki Arya Surajaya ||

17. ingkang raka Ki Tambakbayèki | wus ginêbag ingkang anèng Pokak | dhadhal muwur [mu...]

--- 3 : 286 ---

[...wur] bubar kabèh | wadya Bagêlèn anglud | dèn bêbujung Drêsanan prapti | ingusir saparannya | prapta ing Dêlanggu | sampun lumêbêt nêgara | dêdamêle ing Kartasura wus mijil | anèng jawining kitha ||

18. Natèng Nglaga lan sagung prajurit | pan angêpung nêgri Kartasura | gênti kang winuwus mangke | Prabu Mangkurat wau | dina Soma miyos tinangkil | pêpak kang wadyakuswa | nèng ngarsa supênuh | ing alun-alun bêlabar | pra dipati pêpkakanpêpakan sêdaya sami | munggèng ngarsa naredra ||

19. pra dipati nung-anung sumiwi | pra upêsir munggèng kering kanan | miwah Amral Hèlduwèlbèh | Radèn Nrangkusumèku | anèng ngabyantara nêrpati | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | umatur ulun tur priksa | rinta nata Prabu Ngalaga di murti | ing mangke ngêpung kitha ||

20. sagung wontên pakuwon rinta ji | panganjarepanganjure pan sampun anglanjak | wontên Piji tyang Bagêlèn | samya sura nung-anung | rinta Pangran Panular nênggih | têtindhihing ayuda | ngandika sang prabu | payo kabèh undhangana | apan ingsun arsa nindaki pribadi | amapag ing yayi mas ||

21. sigra nêmbang têngara sang aji | bêndhe bèri tinitir angangkang | gong bèri amung swarane | tamburira gumrudug | asiyaga para dipati | miwah mayor kapitan | asiyaga sampun | sang nata ngrasuk busana | wus samêtasamêkta sagunge para dipati | sigra

--- 3 : 287 ---

têngara budhal ||

22. swaranira lir ombak jêladri | môngsa pitu amanêmpuh para | abra sinang busanane | kadi prawata santun | asrining kang para prajurit | Kumpêni lêlumbungan | tambure dharudhut | Ambon Bugis lan Mêkasar | pra dipati pasisir môncanêgaraGuru lagu seharusnya: 12i, pra dipati pasisir môncanêgari | pangawat kering kanan ||

23. wong Kartasura lumampah wuri | sri narendra wau lampahira | praptèng Jambu sawadyane | ayun-ayunan pupuh | sigra mangsah sagung prajurit | wadyabala Kalagan | golong dènnya ngamuk | apan kadi singa lodra | kadya banthèng watan kanin ambêk pati | angukih katadhahan ||

24. wadya Surabaya kang nadhahi | campuhing prang pan sami sudira | wong Kalagan pangamuke | pinapag buah anggur | tuwin mimis sanjata alit | mriyêm bêdhil lir gêlap | swarane gumrudug | Kumpêni sanjatanira | datan anggop barungan kang bêdhil muni | anglir karêngèng miyat ||

25. pêtêng dhêdhêt satêngahing jurit | dening kukusing mriyêm sinapan | saya sura ing yudane | wadya Kalagan ngamuk | wadyabala pasisir sami | saking kering mangrunjang | môncanêgarèku | anglambung saking ing kanan | wong Kalagan panggah kukuhing ajurit | wadya môncanêgara ||

26. myang pasisir bubar larut ngisis | dipun êlun mring wadya Mêntaram | ngungsi ngarsane gustine | ya ta wau sang prabu | arsa mangsah ngawaki jurit | Ki Bicak gya tinêmbang | swarane [swara...]

--- 3 : 288 ---

[...ne] angungkung | angangkang nèng madya gantang | sigra mangsah sri naranata anuli | wadya ing Kartasura ||

27. prit anêba gêlaring ajurit | wadya Kumpêni kang dadya dhadha | pasisir kanan keringe | mangsah têmpuh rok caruk | têtupêsantêtumpêsan kang wadya alit | Jêng Sunan ing Ngalaga | kèngsêr yudanipun | dene karoban ing lawan | aprasasat kalèn anêmpuh jêladri | kalèn wadya Kalagan ||

28. undurira tan pisah lan abdi | anèng Kuwêl tata pêsanggrahan | lajêng apacak barise | wadya Kalagan sampun | asiyaga sikêp ing jurit | kawarnaa Sang Nata | Amangkurat sampun | nimbali Kyai Urawan | tan ing dalu sami sayah ing ajurit | mundur ing kuwunira ||

29. sri narendra wus makuwon nênggih | wadyabala sami pamondhokan | Urawan prapta ngarsa ge | ngandika sang aprabu | hèh Urawan ta karsa mami | sirèku lumakua | iya ingsun utus | angipuka yayi êmas | sira aja anggawa batur sawiji | busanamu ngrobèta ||

30. Ki Urawan nêmbah awotsari | lèngsèr saking ing ngarsa narendra | samansampun prapta pakuwone | ngrucat busananipun | têtambalan busananèki | wau Kyai Urawan | cara santri kluthuk | lajêng wau lampahira | sirêp janma anèng ing Koripan prapti | asangêt nandhang brôngta ||

64. Asmaradana

1. dalu wayah sirêp janmi | sira Dipati Urawan | anênêdha

--- 3 : 289 ---

ing Hyang Manon | muga ta ginampangêna | ing karsa sri narendra | Amangkurat Sang Aprabu | Kangjêng Sunan ing Ngalaga ||

2. galih ya eling sayêkti | marang kang raka atuta | andhahara atur ingong | ciptane pinêngkul pana | pitêkur pinggir jurang | kalih dintên kalih dalu | ing ratri nendra supêna ||

3. jêng sunan sumare Têgil | katingal sajroning nendra | pinarak anèng kêdhaton | Ki Urawan dupi pirsa | lajêng nungkêmi pada | Ki Urawan sarwi muwun | sang prabu alon ngandika ||

4. hèh Sêndhi lakunirèki | sesuk sira katêmua | lawan gustimu dèn age | raharja ing lakunira | kêlakon sasêdyanta | Ki Urawan kagèt wungu | katongton supênanira ||

5. sêdalu amêrêm mêlik | ajrih bok ta kawuningan | mring ki patih sayêktine | Tambakbaya têmahira | ambêbancang ing lampah | dèrèng panggih sang aprabu | pinatèn anèng ing jaba ||

6. pêsthi ingaranan têlik | môngsa kênaa sêsambat | dèrèng katur ing gustine | Jêng Sunan Prabu Ngalaga | dadya Kyai Urawan | amêrêm mêlik sêdalu | kunêng dalu sampun enjang ||

7. Ki Urawan marêpêki | momor pêkathik sinêdya | kapasang yogya lakune | kapanggih pakathikira | Jêng Sinuwun Ngalaga | pinuju angarit rumput | tinanya Kyai Urawan ||

8. kiyai dika wong pundi | lawan sintên kang sinambat | punapa sinêdya mangke |

--- 3 : 290 ---

nauri Kyai Urawan | inggih wasta kawula | aran anak Kyai Jêndhul | kula gamêl Tambakbayan ||

9. kula wingi dèn gitiki | anggèn kula ngarit kirang | ki patih sangêt dukane | kula arsa angungsia | tumut dhatêng andika | wontên ing lêbêt puniku | amrih sampun kawuningan ||

10. upami kula nèng jawi | kapirsan Ki Tambakbaya | yêkti pinêjahan ingong | kula minta wêlas dika | ngumpêtkên ing kawula | pêkathik jro sarêng ngrungu | lir tinêrês kang wardaya ||

11. asangêt wêlasirèki | wusana pamuwusira | lah iya lamun mêngkono | andika mèlu kawula | ya ta lajêng umangkat | Kiyai Urawan wau | lajêng kinèn bêkta dhêdhak ||

12. pêsanggrahan sampun prapti | warnanên sri naranata | Sunan ing Ngalaga miyos | mirsani ingkang turôngga | ya ta Kyai Urawan | sarêng dulu sang aprabu | lumajêng nungkêmi pada ||

13. sumungkêm lara anangis | tangise kadi wanodya | alara-lara sambate | dhuh bêndara gustiningwang | ulun panggih sang nata | kadi ngimpi dasihipun | wau Jêng Sunan Ngalaga ||

14. andulu dhatêng Ki Sêndhi | karaos sri naranata | panggalihira sumêdhot | kèngêtan marang kang raka | alon dènnya ngandika | bageya Sêndhi praptamu | pamulane sira prapta ||

15. mênênga aja anangis | lah payo sira tutura | kang dadi pêrlune gawe | sira pisah lan kakang [ka...]

--- 3 : 291 ---

[...kang] mas | Urawan matur nêmbah | apan maksih sênggruk-sênggruk | adhuh gusti sri narendra ||

16. ulun pêjahana gusti | paduka lamun maksiha | suwala lawan sang katong | rakanta sri naranata | Sang Prabu Kartasura | sabên dintên aprang pupuh | punapa ingkang rinêbat ||

17. kêlamun paduka gusti | tan angeman risakira | wadya alit sêdayane | ewon-ewon kang pêjah prang | wit nglampahi ayahan | sintên kecalan puniku | tan sanès paduka nata ||

18. gusti ingkang kaping kalih | kapirsa liyaning praja | kêlangkung sangêt nisthane | rêbat praja lawan kadang | lamun paduka karsa | inggih jumênênga ratu | amêngku rat nungsa Jawa ||

19. kasuwuna ing Hyang Widi | sampun awit margi nistha | gusti kang kaping kalihe | mintaa mring raka nata | nyuwuna lilahira | kados rakanta sang prabu | lair batinipun rila ||

20. Ki Urawan dènnya nangis | asangêt nèng ngarsa nata | sangêt dènnya gêro-gêro | dhuh dhuh gusti sri narendra | dhaharên tur kawula | yèn paduka sang aprabu | tan andhahar atur kula ||

21. ulun pêjahana gusti | kawula tan sagêd miyat | mangkana wau sang katong | amiyarsa aturira | nênggih Kyai Urawan | tyasing nata lir pinuluh | sang prabu anênggak waspa ||

22. wusana ngandika aris | ingsun ora pisan-pisan | nêdya mungsuh rêbut kraton | iya [i...]

--- 3 : 292 ---

[...ya] kêlawan kakang mas | marma ngong mapag yuda | ingkang madêg ratu iku | misuwur anake Amral ||

23. pêksa mêngku ing rat Jawi | marmane duk kala aprang | ingsun dulu matakapèn | nalika lukar busana | ya kaya kakang êmas | tyas ingsun durung têrtamtu | bok ta iya kakang êmas ||

24. ginawa marang Kumpêni | mrih suyud wong tanah Jawa | dene kang umadêg katong | pan iya anake Amral | pan ingsun wus pratignya | ajura dèn kumur-kumur | angrêbut rat nungsa Jawa ||

25. Ki Urawan matur aris | pukulun sri naranata | paduka dipun pitados | saèstu raka paduka | ingkang jumênêng nata | nèng Kartasura puniku | ulun botên munjuk dora ||

26. sang nata ngandika aris | yèn mangkono tuturira | ingsun nurut sira mêngko | sun seba marang kakang mas | lah wis sira muliha | ingsun nungkak sapungkurmu | ngong seba marang kakang mas ||

27. Ki Urawan matur aris | sang nata mugi dutaa | asowan rakanta katong | ulun sarêng padukendra | dhatêng ing Kartasura | nadyan pêjahana ulun | sang nata kang nguntapêna ||

28. sri narendra gya nimbali | Kalêng tan adangu prapta | anèng ngarsane sang katong | Kalêng sira ingsun duta | marang ing Kartasura | saosêna layang ingsun | marang kangmas sri narendra ||

29. Dêmang Kalêng sampun tampi | nuwala saking sang nata | sêksana nêmbah gya

--- 3 : 293 ---

lèngsèr | lajêng wau lampahira | kang ngiring mung sêdasa | numpak turôngga sêdarum | tan winarna anèng marga ||

30. Kartasura sampun prapti | enjing nuju sri narendra | miyos sewaka sang katong | andhèr ingkang wadyabala | Ki Dêmang Kalêng prapta | Nrangkusuma kang jinujug | lajêng katur sri narendra ||

31. dutanya ri paduka ji | prapta nyaoskên nuwala | sigra pinundhut surate | sigra katur sri narendra | wong apa kang dinuta | manêmbah sarwi umatur | kawula mantri pamêdal ||

65. Mijil

1. dyan binuka patêmbayèng tulis | katur sêmbah ingong | rinta Nata Prabu Ngalagane | kunjuk raka kangjêng sri bupati | ingkang madêg aji | kutharja winangun ||

2. ulun nyaosakên pati urip | ing padanta katong | awit amba asangêt lêpate | kumapurun kumawani jurit | gêntosing rama ji | tuwan kadang sêpuh ||

3. marma ulun tumangguh ing wèsthi | tan uningèng yêktos | yèn paduka kang umadêg rajèng | gumrahing tyang kang umadêg aji | sutèng Amral yêkti | warta kang misuwur ||

4. duta ulun Natabrata uni | aturipun mring ngong | langkung sangêt pangamandakane | dupi prapta abdinta pun Sêndhi | ulun uning yêkti | kang jumênêng ratu ||

5. jêng paduka mila rinta mangkin | inggih yun asaos | ngaturakên ing pêjah gêsange | pan sumôngga ngayunan kaka ji | ingkang sêrat titi |

--- 3 : 294 ---

mangkana sang prabu ||

6. lir jinait raosing panggalih | sru karontog-rontog | sri narendra alon andikane | undhangana wadyabala mami | sun mapag si adhi | Soma budhal ingsun ||

7. duta sampun winangsulan tulis | Ki Kalêng wotsinom | lèngsèr saking ngarsanira rajèng | tan winarna lampahirèng margi | ing Kuwêl wus prapti | dyan tumamèng ngayun ||

8. kang caraka ngaturakên tulis | mring sang prawira nom | wus tinampan binuka sêrate | kang ukara bêbukaning tulis | tumrap ari mami | ing pandonganingsun ||

9. sira adhi ngaturi kintèki | wus katur maring ngong | sun tupiksa yayi surasane | iya liwat ing tarima mami | dene ingsun yayi | Soma budhal ingsun ||

10. Natèng Nglaga duk amaos tulis | pitêdhan sang katong | sakêlangkung sukane galihe | Ki Urawan sigra dèn timbali | sinungan udani | sêrate sang prabu ||

11. wadyabala pan wus dèn undhangi | waos kinèn bongkok | datan ana kang malang karsane | tan cinatur ing laminirèki | wuwusên sang aji | ingkang arsa mêthuk ||

12. asiyaga sagung pra dipati | gumêrah punang wong | pra punggawa samya nangkil kabèh | para mantri pan anata baris | barising Kumpêni | anggamêng lir mêndhung ||

13. ya ta têdhak saking pôncaniti | wau sang akatong | ambêlabar kang wadyabalane | warna-warna gêgaman ngajurit [ngaju...]

--- 3 : 295 ---

[...rit] | wus prapta ing Piji | kang wadyabala gung ||

14. prapta sagung wau sri bupati | gumuruh punang wong | dadya baris lèr lèpèn pêrnahe | sri narendra angantos kang rayi | wuwusên sang aji | Natèng Nglaga wau ||

15. budhal saking Kuwêl sri bupati | kang wadya gumuroh | waos benang munggèng ing ngarsane | pratandhane kalamun sayêkti | tan pisah duta ji | samarga angimur ||

16. tan kawarna wau sang apêkik | lan Sêndhi tan adoh | kawarnaa wau ing lampahe | kang pangarsa ing Piji wus prapti | Kodhokngorèk muni | lor kali gumuruh ||

17. sampun prapta sabrang lèr sang aji | Natèng Nglaga miyos | Jêng Suhunan Prabu Mangkurate | têdhak saking turôngga sang aji | tumingal sang aji | Natèng Nglaga wau ||

18. ingkang raka ngagêm cara Wlandi | asalah dènnya non | wadyanira kinêjepan kabèh | ingudharan waosing prajurit | prasami mêrpêki | ing dêdamêlipun ||

19. samya nyandhak gêgamane sami | lor gègèr gumuroh | kothang-kathung kumêpyur manahe | Ki Urawan asru dènnya nangis | kadospundi gusti | têmahan kadyèku ||

20. Dyan Urawan nangis jêrit-jêrit | dhuh gusti sang katong | jêng paduka lukara pangangge | rayi tuwan supe paduka ji | Prabu Mangkurat glis | busana rinacut ||

21. cara Wlandi ngagêm cara Jawi | ngalela sang katong | Dyan Urawan matur wor tangise [ta...]

--- 3 : 296 ---

[...ngise] | ngasih-asih aturnya wor tangis | gusti paduka ji | pirsanên satuhu ||

22. Natèng Nglaga nèng kiduling kali | kang raka sabrang lor | kawistara sasolah bawane | datan samar sarêng cara Jawi | gya nabrang tumuli | Urawan tan kantun ||

23. sampun prapta ênggène sang aji | tundhuk lan sang katong | ingkang rayi pinêngkul janggane | sri narendra waspanya drês mijil | manêmbah sang aji | mangusapi lêbu ||

24. pra dipati sami sukèng galih | mulat sang karongron | sri narendra alon timbalane | marang sagung kang para dipati | ngabêktia sami | marang ariningsun ||

25. ya ta wau kang para dipati | angujung kumroyok | sampunira wangsul panggonane | nulya sagung kang para upêsir | nung-anung Kumpêni | tabeyan sêdarum ||

26. sinêngkalan tundhuke nrêpati | mring kang raka katong | toya muluk obah rêksakaneSengkalan: toya muluk obah rêksakane (1604 A.J., 1681/82 A.D.). | ya ta sêmana budhal sang aji | gumêrah nèng margi | tan kawarnèng ênu ||

27. sampun rawuh sajroning nêgari | nata angêdhaton | ingkang rayi wus sinung pêrnahe | padalêman kapatihan dadi | sinungan palinggih | siti kalih èwu ||

28. wusnya enjing ngandikan kang rayi | manjing ing kêdhaton | sri narendra kalangkung onênge | mring kang rayi wus tumamèng ngarsi | ya ta ingkang rayi | alon aturipun ||

29. amba nguni wus umadêg aji | nèng Plèrèd kêdhaton | asêsilih Prabu

--- 3 : 297 ---

Ngalagane | mangke lamun maksih ana nami | saru praja aji | sigug ing kêprabun ||

30. sri narendra suka ing panggalih | adhuh ariningong | luwih bênêr yayi mas ature | sira muliha aranta lami | Pangran Adipati | Pugêr trahing madu ||

66. Dhandhanggula

1. ingkang rayi nuwun awotsari | dhawuhipun kang raka narendra | kunêng ingkang winiraos | pra bupati sêdarum | ing pasisir kilèn Samawis | sami kinèn budhala | mring Salinga nglurug | sang nata jêngkar ngêdhatyan | kang nindhihi ing yuda Dipati Têgil | Tumênggung Mangkuyuda ||

2. Natayuda Surônggakarèki | dhawuh dalêm yèn unggul ing yuda | Si Namrud asor yudane | sirnakêna sêdarum | nak putune aja na kari | tumpêsên bayi lanang | kang wadon sêdarum | kabèh padha boyongana | winitara wadyabala kang lumaris | nêm èwu kathahira ||

3. sampun budhal sagêgaman jurit | tan winarna lampahirèng marga | anèng Gumêlêm praptane | tata pakuwonipun | ingkang baris sampun rinakit | gêntia kang kocapa | wau kang winuwus | Raja Namrud amiyarsa | lamun baris Kartasura sampun prapti | arsa ngrabasèng yuda ||

4. gya parentah wadyanira sami | asiyaga kêprabon ngayuda | amapag ripu karsane | wus agêng barisipun | têngarane bêdhug tinitir | wadya pasisir nêmbang | têngara gumuruh | kang bêndhe

--- 3 : 298 ---

bèri tinêmbang | pra dipati sami ngawaki ajurit | angantêp ing ayuda ||

5. bêndhe bèri tinabuh tinitir | pan sumahab wadyabala mangsah | wong Salinga akêkêdhèr | wau Sang Raja Namrud | lan Pangeran Pamênang nênggih | prasami magut yuda | rame prangnya campuh | amêtokkên pangabaran | Raja Namrud pangabarane tan dadi | sampun karsaning Suksma ||

6. wadyanira kathah ingkang mati | têtumpêsan Namrud balanira | tan ana tahan mimise | wus bodhol barisipun | pra dipati sami angungsir | Raja Namrud kacandhak | rinampog wus lampus | wau Pangeran Pamênang | wus kacandhak sêmana cinêpêng aglis | mring sagung pra dipatya ||

7. wong Salinga tinumpêsan sami | nadyan bocah yèn lanang pinatyan | wadon binoyongan kabèh | para bupati rêmbug | budhal saking Salinga nênggih | ngiringakên boyongan | tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Kartasura | pan Pangeran Pamênang wus dèn sedani | anèng ing kamandhungan ||

8. datatita lingira ing nguni | Kartasura sêmana wus rêja | tan wontên kara-karane | Lônda wus sami mantuk | pan ginanjar sinung nêgari | Carêbon lan Pasundan | pinaringkên sampun | lawan Jêng Sunan Mangkurat | anyanggupi wêragad obat lan mimis | ingkang dèn angge aprang ||

9. myang bêlônja kalanira jurit | jêng suhunan sanggup angulihna | sarta Wêlônda patine | ingkang [ing...]

--- 3 : 299 ---

[...kang] mati prang pupuh | jêng suhunan sanggup maringi | sêmana wus pamitan | marang sang aprabu | kang jaga ing Kartasura | mung rongatus asaos karsa sang aji | Sang Aprabu Mangkurat ||

10. tinilaran kapitan satunggil | litnanipun apan mung sêkawan | mung satunggal lopèrèse | sigra budhalan sampun | sakathahe wadya Kumpêni | saking ing Kartasura | Sêmarang jinujug | pan sarwi ngupaya papan | ing Sêmarang sêmana dipun lojèni | sarta idi sang nata ||

11. tan winarna kang anèng jêladri | ingkang mantuk marang Batawiah | sira Amral Hèlduwèlbèh | gêntia kang winuwus | ingkang babad karya nêgari | andina dandan-dandan | swarane gumuruh | sagunge kang wadyabala | pan andina-dina dènnya nambutkardi | wisma myang kalangênan ||

12. ya ta wau sagung pra dipati | samya gunêm kuwatir ing praja | sagunge wadya Bagêlèn | pra mantri maksih kumpul | maksih wontên Pangran Dipati | ing Pugêr panggenannya | wus dadi kang rêmbug | satêngah rêmbug mangkana | yèn maksiha anggèr tinunggu ing mantri | mênawa bokmênawa ||

13. kêni bineka ing wadya alit | dadya katur rêmbaging punggawa | sang nata pangandikane | ya bênêr pikir iku | ing mulane adhi mas dhingin | lawas tan seba-seba | marang jênêng ingsun | kêna binangus ing bala | sri narendra kang rayi dipun timbali | Dipati Pugêr prapta ||

14. angandika wau sri bupati | hèh adhi mas dèn kaparèng [kapa...]

--- 3 : 300 ---

[...rèng] ngarsa | marma sun undang riningong | manira ayun wêruh | uwongira kang lami-lami | miwah wongira anyar | manira yun wêruh | Pangeran Pugêr tur sêmbah | pan sumôngga kang wadya dipun timbali | sumaos ngarsa nata ||

15. kawan dasa kathahe pra mantri | padha wangun tur asura-sura | sang nata pangandikane | marang kang rayi wau | apan iku wongira lami | lawan wongira anyar | ing suwarnanipun | pantêse prawirèng yuda | Pangran Pugêr umatur sarwi wotsari | nika tyang ulun lama ||

16. yèn ajaa uwongira lami | pêsthi adhi iku bocahira | arsa sun kunjara kabèh | iku kang ngadu-adu | lamun iku wongira lami | dadine sun apura | yèn sira kang nanggung | Dipati Pugêr tur sêmbah | pan sumôngga ing karsa paduka aji | kawula tan lênggana ||

17. sri narendra angandika aris | ing Bagêlèn adhi ingsun pêcah | sun èkêt sun lawe-lawe | sakèh punggawaningsun | kabèh padha duwea yayi | iya sathithik sewang | kang rayi wotsantun | sumôngga karsa paduka | kunêng wau sang nata gênti winarni | sasampunnya antara ||

18. tunggal warsa nanging gantya sasi | ya ta wontên gêmpalan carita | ing Batawiah wiyose | wontên jamajanma linuhung | pinangkane saking ing Bali | dama katula-tula | duk ing mulanipun | Pangeran Rôngga Sêtata | kang adarbe putra ical kala alit | milwa

--- 3 : 301 ---

nèng Batawiah ||

19. nênggih wontên kang winuwus malih | Kapitan Murnê Sri Batawiah | adarbe têtukon lare | lagya mur pitung taun | duk tinumbas saking ing Bali | pêkik suwarnanira | Kaptin Mur puniku | sêlaminira atumbas | lare iku Kapitan Untunge prapti | dagang myang lênggahira ||

20. minggah mayor nulya komasaris | tan alami minggah idlir rolas | adagang kathah bathine | dadya sugih kêlangkung | angungkuli sêsami-sami | Idlir Mur duk sêmana | rumaos ing kalbu | yèn rare kang mawa bêgja | wus ingambil atmaja sinung wêwangi | Ki Untung namanira ||

21. pan ingugung sapolahirèki | duk sêmana wusing lama-lama | diwasa akèh umure | mêmpêng birainipun | ya ta Idlir Mur ingkang winarniLebih satu suku kata: ya ta Idlir Mur kang winarni | darbe atmaja nonah | endah warnanipun | sêdhênge birai sêkar | sinadulurakên lan Ki Untung nênggih | tan pisah sadinanya ||

22. nanging nonah rêmêne kêpati | mring Ki Untung dadya lama-lama | de wus sami biraine | kirda lawan Ki Untung | pawèwèhe tan pêgat gili | arta myang rajabrana | sinungkên Ki Untung | nanging Ki Untung sêmana | datan arsa asimpên dunyanirèki | kinarya prasanakan ||

23. lami-lami pudhaking Kumpêni | pinarsanak agung winewehan | apa barang sasukane | dunyanira Idlir Mur | cinêlêran raina wêngi | nanging datan kinarya | kasugihanipun | sinungakên [sinunga...]

--- 3 : 302 ---

[...kên] sanakannya | pan sêdaya punika dipun tuwuki | lumintu salaminya ||

24. pudhak Kumpêni sami wong Bali | wênèh Bugis ingkang pinarsanak | wus kathah sêsanakane | wêtara wolung puluh | pan sêdaya pudhak Kumpêni | prasami kapotangan | wênèhana muwus | apa kang sun walêsêna | mring Ki Untung mênawa amanggih kardi | sun walês lara pêjah ||

25. Idlir Êmur mangke kang winarni | wruh dunyane mangke kathah ilang | tan wiyarsa yèn anake | kirda lawan Ki Untung | angulêri dunyanirèki | pan anakira nonah | ingkang ngawut-awut | iku marang bandhanira | dyan cinêkêl Ki Untung dèn jêmpalani | rinangkèt têngah pêjah ||

26. datan arsa suwalèng ing kapti | mung asambat mintak ampun tuwan | Idlir Mur ngrês manaheKurang satu suku kata: Idlir Mur angrês manahe | ya ta ngapura sampun | sawusira ngalami-lami | tan mari solahira | nonah lan Ki Untung | duk sêmana kawênangan | mring Idlir Mur dènnya kirda pukul kalih | nèng gêdhong pajungutan ||

27. dyan cinêkêl mring Idlir Mur aglis | liwat gusar Ki Untung sêmana | sinèlèh bêlokan gêdhe | nonahira sinapu | ya ta wau ingkang winarni | Ki Untung nèng bêlokan | langkung kawlasayun | pan akathah rowangira | wong dadosan sawidak yèn winitawis | sampunnya lama-lama ||

28. ya ta Untung pan amuwus aris | mring rowange anèng ing bêlokan | sanak-sanak ingsun kabèh | paran ta dayanipun | ora ana

--- 3 : 303 ---

kang duwe budi | rèhning padha lêlaran | rowange sumaur | hèh Untung luwih lêngkara | duwe polah dene ta bêlokan wêsi | lan gêdhong tinutupan ||

29. tur kinunci jinagan Kumpêni | paran dayane gonira polah | Ki Untung alon wuwuse | mênawa na pitulung | Hyang Suksmana marang ing dasih | pan kuwating kawula | saking ing Hyang Agung | rewange malih angucap | sira iku Untung pan luwih kumaki | sun iki wong wus tuwa ||

30. nèng bêlokan têlung puluh sasi | lawan ingsun ora mangan-mangan | prandene têka mangkene | sira iku kumênthus | pêksa guna tan wruh ing wèsthi | môngsa sira bejosa | marang ajèr ajur | kowe manèh yèn enjuha | angakali bubrahkên bêlokan wêpiwêsi | bocah isih taruna ||

67. Sinom

1. Ki Untung mèsêm angucap | tan rêmbug lan sira mami | wong akèh sun jak pikiran | sira sakarêpirèki | ingsun ora udani | Ki untung alon amuwus | hèh sanak-sanak ingwang | yèn ana bisa nguculi | iya kayaparan dadi rêmbugira ||

2. sami nauri wong kathah | yèn ucul sing sira mami | kabèh sanak-sanakira | paran ing rèhira dadi | tumbukna gunung wêsi | ala nèng bêlokan lampus | Ki Untung gumyang suka | sikile dèn unus aglis | sampun ucul saking ing wêsi bêlokan ||

3. sami cingak kang tumingal [tumi...]

--- 3 : 304 ---

[...ngal] | tarung kon sawidak kalih | inguculan sêdayanya | nèng blokan mung kari siji | janma ingkang nyampahi | ya ta wong kang sampun ucul | sarêng dènnya angucap | paran karêpmu sêmangkin | mêngko ingsun uwis ucul saking sira ||

4. Ki Untung wangsulanira | sun arsa ngamuk Kumpêni | kabèh paran karêpira | sêdaya sami nauri | nadyan ambubrah loji | nora suminggah sêdarum | mung golèkna dandanan | lan golèk sarapan sami | dimèn sêgêr iki badan ingkang lêsah ||

5. Ki Untung mèsêm angucap | wis padha mênênga sami | mêngko nora suwe ingwang | Ki Untung anulya mijil | dinêdêl ponang kori | wus malêsat kuncinipun | Ki Untung sigra mêdal | ngandhut patrêm tapak nênggih | mung sênyari gêdhene wus praptèng jaba ||

6. kang jaga pinatrêm pêjah | datan kongsi amindhoni | pinasang malih kuncinya | Ki Untung sigra lumaris | sanake dèn ulari | wontên sawiji kapêthuk | sigra angrangkul nulya | sarwi lara-lara nangis | hèh Ki Untung kayaparan polahira ||

7. lawase nandhang lêlaran | ingsun ora bisa tilik | mêngko katêmu nèng jaba | lah payo sun gawa mulih | Ki Untung atut wuri | sapraptane wismanipun | sanake sami prapta | tinuturan anèng margi | kathah prapta sanake sami karuna ||

8. Ki Untung alon angucap | sun jaluk gêgaman jurit | aja [a...]

--- 3 : 305 ---

[...ja] na mèlu maringwang | sanake sami nauri | yèn na karêpirèki | iya kang mawa pakewuh | kabèh ta sanakira | sêdya labuh lara pati | malês bêcik Untung alon saurira ||

9. sun tarima sanak ingwang | prasêtyane marang mami | mung ingsun jaluk gêgaman | lawan sêga iwak sami | panganan kinang malih | payo atêrêna iku | nuli bali manira | sigra pawong sanaknèki | anggawani kêris cundrik miwah pêdhang ||

10. tuwin waos cêcebolan | anulya binêkta aglis | sêksana sampun umangkat | têlu sanaknya kang ngiring | gawa gêgaman jurit | ana ingkang gawa sêkul | panganan miwah kinang | sêmana wayahirèki | pukul wolu duk Ki Untung wêdalira ||

11. lampahira sampun têbah | anèng ing pambêlokan sêpirLebih satu suku kata: anèng pambêlokan sêpir | sarêng gilir ingkang jaga | Kumpêni siji ingiring | Kopral Ki Untung nuli | gya anarik patrêmipun | pinatrêm sampun pêjah | koprale sigra marani | arsa mêdhang pinatrêm sampun pralaya ||

12. ingkang anèng ing kunjara | sêdaya wus sami mijil | berag-berag manahira | nulya kinèn sami bukti | kumaroyok abukti | wong sawidak sami kêmbul | wus mangan nulya nginang | gêgamanira wêradin | ana milih kêris cundrik pêdhang tumbak ||

13. wong sawidak wus wêrata | lajêng sami ngati-ati | nèng jawi gêdhong atata | ya ta litnan kang winarni | pambêlokan kang jagi |

--- 3 : 306 ---

nora prapta nganti dangu | gya kinèn anumpiksa | sareyan ingkang lumaris | lampahira sampun prapta pambêlokan ||

14. kagèt wau duk tumingal | jawi gêdhong ana baris | gêdhong mênga sareannya | tumingal rewangnya mati | nulya lumayu bali | matur marang litnanipun | litnane tur pariksa | marang obrusing Kumpêni | sigra printah mukul tambur mangsah aprang ||

15. wadya Kumpêni kumpulan | sabêrgada kang lumaris | sampun prapta pakunjaran | Kumpêni angêpung aglis | ya ta Ki Untung nuli | ngabani mring rewangipun | nêmpuh wadya Wêlônda | sarêng surak mangsah jurit | kinarutug ing bêdhil datan suminggah ||

16. wong sawidak ngamuk rampak | Kumpêni kathah kang mati | caruk kuwêl dènnya yuda | Ki Untung mangsah mangukih | matrêm nyepak dugangi | wadya Kumpêni kèh lampus | Ki Untung kang mrawasa | wong sawidak tandangnèki | solahira kadi buta andon boga ||

17. tlas Kumpêni sabêrgada | ing wuri saya kèh prapti | pangêdrale kadi gêlap | Ki Untung rowangirèki | namung kantun sêpalih | akuwêl pangamukipun | Kumpêni kathah pêjah | ing wuri saya kèh prapti | ya ta Untung rewangira sampun têlas ||

18. binendrong dening sênjata | mimise kadi gurimis | Ki Untung kantun piyambak | rinêbut ing kanan kering | kang nyikêp dèn patrêmi | kinalang kinêpung-kêpung | mêdal sing loji

--- 3 : 307 ---

samya | saparane dèn bêdhili | anyalimpêt marang bètèng alang-alang ||

19. Kumpêni sami kelangan | ing ngriku dèn osak-asik | Ki Untung datan kêpanggya | bubar sagunging Kumpêni | misuwur sanêgari | Untung sing bêlokan ucul | ngamuk akèh rowangnya | ucul wong sajroning sêpir | sami ngamuk tumpês wor lawan Wêlônda ||

20. tintrim wong sa-Batawiah | ya ta kang winuwus malih | Ki Untung dènnya singidan | bètèng lang-alang tri ratri | momor mring nêgri malih | ngulari sanakanipun | kathah ingkang kêpanggya | Ki Untung dipun tangisi | sami ngucap sêdaya arsa tumuta ||

21. Untung ingsun mèlu sira | anglabuhi lara pati | malês kabêcikanira | tigang dasa atut wuri | mangkat saking nêgari | lumampah ing wanci dalu | tan kari gêgamannya | bètèng alang-alang prapti | karya wisma sampun miranti sêdaya ||

22. sabên ari sami prapta | pawong sanakira nênggih | kalih tiga myang sakawan | lami-lami pan kawarti | marang sanakirèki | sêmana prasami kumpul | kawarna Batawiah | pangagêngira Kumpêni | dèrèng mirsa Untung nèng bètèng lang-alang ||

23. Ki Untung sanakanira | sakeca dènnya kêpanggih | janma satus kathahira | ingkang madosakên bukti | pan Ki Untung pribadi | wira-wiri mring praja gung | momor tan kawuningan | mangkana cinatur malih | yèn Ki Untung amomor marang nagara ||

24. sawêdale saking praja | patrême [patrê...]

--- 3 : 308 ---

[...me] tapak tinarik | winor lan suruh candhikan | amêthuk Kumpêni siji | tuwin Kumpêni kalih | tiga gangsal tuwin catur | anulya pinaranan | wus pêrak ingkang Kumpêni | gya kinêbyok dening suruh cêcandhikan ||

25. aniba datan sêsambat | sabên kapêthuk Kumpêni | kinêbyok ing suruh pêjah | yèn wus asar ingkang wanci | ing marga agêng tintrim | sabên ari dados suwung | lama-lama kapirsa | marang pangagêng Kumpêni | yèn Ki Untung tingkahnya kadi mangkana ||

26. sêmana pinarantenan | satêngah pat pacak baris | barise datan katingal | dhêdhêg sajawining margi | Kumpêni tan kaèksi | pinakan Kumpêni satu | Ki Untung duk sêmana | pinuju langkung nèng margi | mêdal saking jroning kitha Batawiah ||

27. kinêbyok suruh palastra | Kumpêni mêdal prasami | lajêng ambrondong sênjata | Ki Untung lumajar gipih | binarondong ing bêdhil | cinêgatan marginipun | Ki Untung mingêr ngiwa | tinêrajang saking kering | kinêbyokan ing suruh sarwi lumajar ||

28. Kumpêni rolas kang pêjah | kopral sêrêsan kang mati | Kumpêni maksih nyênjata | binujung saparannèki | prênahnya sampun prapti | sarewangira Ki Untung | myarsa kang bêdhil munya | saking panggenane mijil | sami mêdal saking ing panggenanira ||

29. wong satus sarêng umangsah | ngamuk rampak ambêg pati | tandange lir singa lodra | Kumpêni kathah ngêmasi | mung kari tiga urip | sêksana [sê...]

--- 3 : 309 ---

[...ksana] sigra lumayu | ingkang pêjah sawidak | Kumpêni kang tiga prapti | nèng ngarsane mayor sarwi mêgap-mêgap ||

30. matur Kumpêni kèh pêjah | Ki Untung mêngsahnya jurit | wontên bètèng alang-alang | kathah rencangira nênggih | mayor atur udani | dhumatêng tuwan gurnadur | ya ta lajêng parentah | amêpak sagung Kumpêni | sarêng enjing undhang amangundang sata ||

68. Pangkur

1. kunêng dalu kawarnaa | enjingira kumpul sagung Kumpêni | Amral senapatinipun | dene soldhadhunira | Bugis Ambon Mêkasar Wêlônda kumpul | tambure munya brang-brangan | budhal sagunging Kumpêni ||

2. tan kawarna anèng marga | bètèng alang-alang sêmana prapti | kawuwusa ta Ki Untung | myarsa Kumpêni prapta | langkung kathah kang rawuh wau Ki Untung | micara mring rowangira | nêdha sarêng angêmasi ||

3. wadya Kumpêni umiyat | yèn Ki Untung sampun atata baris | Amral angabani gupuh | sigra Kumpêni mangsah | suwarane sênjata lir gunung rubuh | pêtêng kukusing sêndawa | sigra Ki Untung ngabani ||

4. hèh sanak payo umangsah | ngamuk rampak nusup kukusing bêdhil | wadya Mêkasar anglambung | ngêbyuki kering kanan | ramening prang Ki Untung angamuk punggung | manêngah sarewangira | wong satus wuru ing jurit ||

5. ngiwat-ngiwut ngering nganan | wong Kumpêni akèh rusak ngêmasi | Bugis Ambon akèh [a...]

--- 3 : 310 ---

[...kèh] lampus | Sêmbawa myang Mêkasar | wong Kumpêni ing wuri kathah kang rawuh | Ki Untung sarowangira | kadi buta môngsa daging ||

6. dèn urugi ing pêpêjah | datan pêgat pangêdrèle Kumpêni | lir gêlap sasra ambarung | gurnat lawan gurnada | gutuk api lir pendah udan kadulu | Ki Untung pangamukira | tan pisah agolong pipis ||

7. kinarutug mimis tiba | sira Untung lir pendah Jayèngmurti | dèn êbyuk wadya Mêdayun | siji amusuh lêksan | siji wutuh ingkang lêksan kathah lampus | Kumpêni kèh kasulayah | wangke wor susun atindhih ||

8. saari dènira yuda | rowangira Ki Untung kèh ngêmasi | sawidak kèhe kang lampus | wong Kumpêni punika | Bugis Ambon Sêmbawa ingkang alampus | utawine wong Mêkasar | kathah tatu kathah mati ||

9. kêlangkung ngênês ing manah | wadyanira Ki Untung ingkang kari | amung kantun patang puluh | sapih ingkang ayuda | awit nênggih saking kasaput ing dalu | Kumpêni mundur sêdaya | mring salêbêting nagari ||

10. rong bragada ingkang pêjah | ya ta wau Ki Untung kang winarni | sadalu agunêm rêmbug | Ki Êmbun lon angucap | paran iki iya budimu Ki Untung | lamun awèt mêngkenea | sayêkti nora kuwawi ||

11. amungsuh wong sanagara | yèn sirarsa payo padha angungsi | Ki Untung alon sumaur | apa sakarsanira | ngêndi ingkang patut ingungsia [i...]

--- 3 : 311 ---

[...ngungsia] iku | Ki Êmbun alon lingira | ing Cêrbon iku prayogi ||

12. Sunan Carêbon punika | lamun wani ngukuhi mring sirèki | ya ta Ki Untung anurut | ing dalu dènnya budhal | ngidul ngetan lampahnyanjog ing Cianjur | wong patang puluh tan pisah | gêntia ingkang winarni ||

13. saundurira ayuda | wong Kumpêni sadalu ngati-ati | prasami abaris tugur | atutup lawang kutha | mriyêmira pinasang plataranipun | ing dalu tan kawurcita | ya ta kawuwusa enjing ||

14. gumêrah yun magut yuda | pan kinêrig sagung wadya Kumpêni | budhal swarane gumuruh | ing marga tan winarna | praptèng bètèng alang-alang panggih suwung | Amral amatah kapitan | pêpitu kinèn ngulati ||

15. myang wadya Kumpêni Islam | pra kapitan pêpitu kang tinuding | lawan wadya patang atus | têtindhihirèng lampah | Tuwan Mayor Bèdrêmol wastanirèku | sigra budhal kang gêgaman | angidul ngetan lumaris ||

16. ya ta ingkang kawuwusa | lampahira Ki Untung sampun prapti | anèng ing tanah Cianjur | Carêbon sawetannya | sêdyanira Ki Untung ingkang jinujug | nêngêna Untung lampahnya | Sultan Carêbon winarni ||

17. darbe abdi kinasihan | pinèt putra aran Dyan Surapati | Sultan Agung asihipun | ngugung ingêla-êla | wênang nglampus uwong tanpa dosa iku | mangkana Ki Surapatya | ambêburu ||

--- 3 : 312 ---

mring wanadri ||

18. bêgta satus rowangira | sasikêpe ngayuda datan kari | lêmbing sênjata myang tulup | pêdhang tamèng nèng asta | Radèn Surapati ing wana wus rawuh | alèrèn anèng ing marga | sarewangira miranti ||

19. wadya anèng kering kanan | kawuwusa Ki Untung sampun prapti | Carêbon têlatahipun | lumaku wanawasa | praptèng wetan Radèn Surapati dulu | kagyat dènira tumingal | wong lumaku ting kulicir ||

20. kang dèn iring rare pelag | Surapati ngatag wadyanirèki | lah andhêgêna wong iku | ingsun arsa têtanya | kang dèn iring undangên mring ngarsaningsun | Ki Untung sêmana prapta | ing ngarsane Surapati ||

21. Dyan Surapati têtanya | sira iki adhi wong têka ngêndi | miwah kang sinêdyèng kayun | sapa ta namanira | sira Untung alon dènira umatur | kawula ing Batawiah | inggih pudhaking Kumpêni ||

22. kesah kawula punika | apan dipun wasesa ing Kumpêni | ingkang kula sêdyèng kalbu | angungsi dhatêng sultan | ing Carêbon mênawi sagêd angukup | angabdèkakên kawula | dene tyang kawêlasasih ||

23. Surapati osiking tyas | rare iki sun wêtara ing ati | solah tata tur asêmu | dudu trahing urakan | sun wêtara iya têrah bôngsa luhur | yèn katura kangjêng sultan | iku pêsthi dèn kasihi ||

24. dhasar gusti kangjêng sultan | rêmên uwong

--- 3 : 313 ---

pêkik graitèng lungit | lan maning wong kaduk purun | lamun ta kauningan | marang gusti pêsthi awakku kalungsur | kawuri ngawulaningwang | dadya Surapati angling ||

25. adhi sun peling kewala | pan nêgara Carêbon iku cilik | ananging wingit kêlangkung | kabèh ta rewangira | atinggala iya tumbak kêrisipun | sêdaya barundhulana | aja nganggo tumbak kêris ||

26. lamun datan mangkonoa | tan kalêbu sira marang nêgari | payo ta kabèh baturmu | padha barundhulana | gêgamane aturêna marang ingsun | iya aku kang anggawa | ing sira marang nêgari ||

27. Ki Untung alon angucap | mring rowange asraha kêris mami | myang tumbak aja na kantun | ingaturkên jêng sultan | pan sêdaya sawiji tan ana kantun | mung Ki Untung maksih branggah | dèrèng jinaluk kang kêris ||

28. sêksana sami srah gaman | miwah kêris wau Ki Surapati | tinanggapan rowangipun | Surapati lon mojar | kari sira adhi kang dèrèng ngong jaluk | pan rowangira sêdaya | adhi wus apasrah kêris ||

29. Ki Untung alon turira | yèn kenginga kula sampyan alimi | dene rencang kula sampun | bêrundhulan sêdaya | mung kawula rahadèn andika tanggung | môngsa sêdyaa punapa | tiyang sêdya ngungsi urip ||

30. Dyan Surapati bramatya | apa têmên sira tan pasrah kêris | môngsa bêcika tinêmu | yèn sira mangkonoa [mang...]

--- 3 : 314 ---

[...konoa] | awèh ora iya pêsthi ingsun jaluk | sira iku basakêna | mêndhak kalingan kaèksi ||

31. apa nganti ingsun pêksa | ingsun gawa bêbandan mring nêgari | ya ta miyarsa Ki Untung | ngadêg suraning driya | anauri iya nora awèh ingsun | yèn wus pêcat nyawaningwang | kêkanthèn lan raga mami ||

69. Kinanthi

1. lah ta payo sakarêpmu | bramatya Dyan Surapati | ngêjèpi marang wadyanya | nubruk mring Ki Untung aglis | Ki Untung asru angucap | marang rowangira sami ||

2. amirea dèn agupuh | ingsun dhewe kang ngêmbari | sira wus tanpa gêgaman | wong Cêrbon sarêng nyuduki | ambêdhil miwah anumbak | Surapati anadhahi ||

3. sarta ngêmbat watangipun | Ki Untung datan gumingsir | aja ngadu wadyanira | payo kene Surapati | padha atandhing prawira | kêncêng otot prêding kulit ||

4. Surapati ngatak gupuh | wadyanira dèn abani | payo sosogên ing watang | gôndra pira wong sawiji | urugana busur pêdhang | Ki Untung ngamuk mangukih ||

5. ngajrihi wau Ki Untung | kadi buta môngsa daging | tinumbak nora tumama | wong Cêrbon tan môngga pulih | kang kari mawur sangsaran | tan sumêdya pulih gêtih ||

6. Dyan Surapati lumayu | sêdya wadul ing sang aji | Ki Untung ingkang winarna | rowange sêdaya prapti | angrubung prasami lênggah | kathah kang sami nangisi ||

7. apirêmbagan [apirê...]

--- 3 : 315 ---

[...mbagan] Ki Untung | mring rowangira ling aris | dawêg anyimpang kewala | mênawi dipun balèni | mring tiyang begal punika | Ki Untung alon nauri ||

8. kang ora-ora sirèku | lawan wong sêdya basuki | pêsthi anêmu raharja | Ki Untung lajêng lumaris | kêlawan sarowangira | kawarnaa Surapati ||

9. dènira lumaku rawuh | anèng sajroning nêgari | lajêng tumamèng jro pura | sultan anuju siniwi | Surapati prapta nêmbah | ya ta lajêng matur aris ||

10. atur wuninga pukulun | abdi dalêm kathah lalis | binegal wontên ing wana | dening budhaking Kumpêni | ingkang saking Batawiah | pun Untung ingkang wêwangi ||

11. dene samangke pun Untung | lajêng lumêbêt nêgari | kèndêl ing marga prapatan | Sultan Carêbon lingnya ris | hèh gandhèk lah timbalana | Ki Untung sêmana kerid ||

12. sarowangira tut pungkur | Ki Untung marêk pribadi | prapta ngarsanira sultan | ing Carêbon ngandika ris | marma sun timbali sira | Untung marang ngarsa mami ||

13. sun arsa tanya satuhu | sira prapta praja mami | iku pira rowangira | Ki Untung nêmbah turnya ris | gusti namung kawan dasa | jêng sultan ngandika malih ||

14. Si Surapati liwat dur | culika sikara budi | durung ana luwangira | uwong patang puluh wani | marang uwong satus begal | dene ngong la-êla luwih ||

15. têmah nyukêri prajèngsun | wusira dipun pirsani |

--- 3 : 316 ---

jêng sultan kêlangkung duka | pinikut Ki Surapati | lajêng kinèn mêjahana | Surapati dèn suduki ||

16. anèng têngah alun-alun | Dyan Surapati wus mati | sultan aris angandika | Untung ingsun wus udani | sêdyanira sira prapta | ana ing nêgari mami ||

17. sumêdya ngungsi sirèku | ya bangêt tarima mami | nanging ingsun tan kuwawa | ngukup wit nêgri sun cilik | sira banjura mangetan | angungsia mring Mêntawis ||

18. apan iku ratu agung | baudhêndha nyakrawati | agung kang wadya punggawa | prayoga yèn sira ungsi | wis sira nulya mangkata | ingsun têka angamini ||

19. lan sira sun wèhi juluk | aran Radèn Surapati | apan wus pinasthi sira | dadi satrune wong kapir | Ki Untung nuhun aturnya | nulya lèngsèr saking ngarsi ||

20. anèng jawi praptanipun | lawan rowangira panggih | Ki Untung lon wuwusira | hèh ta sanak-sanak mami | timbalane kangjêng sultan | ingsun dhinawuhan ngungsi ||

21. marang nêgari Mêntarum | kangjêng sultan tan kuwawi | angukuhi marang ingwang | Carêbon nêgari cilik | apan namung kangjêng sultan | jurung pandonga lan puji ||

22. lawan pun pinaring juluk | aran Radèn Surapati | lan maning ingsun pinêca | ing satêdhak turun mami | apadene awak ingwang | dadi satrune Kumpêni ||

23. lah sira bapa wong sêpuh | mêngko sun wèhi kêkasih | Bun Jêladri [Jêla...]

--- 3 : 317 ---

[...dri] aprayoga | dadi pangidhêpannèki | sakèh sanak-sanakira | sêdaya sami nauri ||

24. iku bênêr kakang Êbun | karsane Dyan Surapati | sira mamugari lampah | wong tuwa tinari-tari | kabèh mung darma lumampah | samubarang rèhirèki ||

25. dene wus waspadèng kewuh | radèn pan maksih taruni | sira kang maryogèng tindak | wus mangkat sarowangnèki | budhal saking ing nagara | mangetan Dyan Surapati ||

26. ing Têgal kamargan wau | Pamalang dipun langkungi | gantya wau kawarnaa | Kumpêni ingkang nututi | nèng Cianjur kèndêlira | pan sampun miyarsa warti ||

27. mangetan wau Ki Untung | tan pisah sarowangnèki | Kumpêni ajrih ngungsira | wus têbih saking Bêtawi | nguni ajrih prawiranya | Ki Untung langkung sinêkti ||

28. apan sampun pitung dalu | anèng Pasundhan Kumpêni | kumpul sagung wong Pasundhan | nèng Cianjur pacak baris | kang para mantri sêdaya | parentahira Kumpêni ||

29. sagunge janma kang langkung | sêdaya kinèn mirsani | kêlamun jangkêp sêdasa | yèn tan bêkta gramèn nênggih | punika kinèn nyêkêla | bok Ki Untung gêgirisi ||

Taksih wontên candhakipun malih, badhe kapacak ing sêrat babad ôngka 4.

--- 3 : [0] ---

[...]