Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

31. Asmaradana

1. lah ta sira pilih êndi | ana luwih saking ana | kang suwung luwih suwunge | kêlawan turu sapisan | mêlèk sêlawasira | lawan turu sabên dalu | karipane sabên dina ||

2. mangan sapisan marêgi | iya sajêge tumitah | lawan mangan sabên sore | pangêlihe sabên dina | payo sira piliha | timbalane sang aprabu | yèn sira pilih kang ana ||

3. lawan mangan sabên ari | alapên kêraton Dêmak | mumpung ta maksih sang katong | Ki Agêng Pêngging lingira | punapaa sang nata | salah karya ing tumuwuh | ing ngriki wontên punapa ||

4. kagèt kawula tan sipi | timbalane sri narendra | ngangge darbe walangatos | kyai panyana kawula | ratu kalipatullah | yêkti budi luwih luhur | wêkas-wêkasing utama ||

5. kawula botên amilih | sêdayane kula arsa | yèn miliha suwung bae | pan suwung amêngku aglar | punapa siya-siya | mring anak putu ing pungkur | yèn miliha ingkang ana ||

6. pintên lawase ngaurip | pintên lamine wibawa | pan botên wontên adate | tiyang gêsang sèwu warsa | kêjawi Nabi Adam | ingkang umur sèwu taun | liya punika tan ana ||

7. Ki Agêng Wanapalèki | langkung èmêng ing tyasira | dene pakewuh saure | ya bênêr kang salah cipta | sêmune wus kêtara | nora marêm adhêdhukuh [adhêdhu...]

--- 1 : 159 ---

[...kuh] | sandi bae nandur kênthang ||

8. yèn mangkono sira iki | wiku-wikuning antiga | nora putih jaba jêro | ing jro maksih kawoworan | iya amaro cipta | sira wong ngalap tumuwuh | kabèh-kabèh sira arsa ||

9. Ki Agêng Pêngging lon angling | sampun ta mênggah kawula | yèn kenginga suminggahe | nadyan Gusti Rasullullah | tanpa ingan ing karsa | inggih wontên têdhakipun | sultan sèh nagri Bagêdad ||

10. Ngabdul Kadir Jaelani | pan botên tilar luamah | punika langkung parêke | saking ngayunan Hyang Suksma | tur trahing Rasullullah | pan punika luwih luhur | gih wali os wahyu kobra ||

11. pinakanan kadi kucing | yèn sampun nuli dèn untal | sampun mênggah badan ingong | sagêda pisah luamah | yèn maksih anèng dunya | kuwate ngibadah iku | tan pisah lawan luamah ||

12. Ki Wanapala lingnya ris | lamun mêngkono ta sira | iya nora ngimanake | marang ing kêraton Dêmak | saking patang madahab | nora niyat angrêmpêlu | sebaa kêraton Dêmak ||

13. sintên wuninga ing benjing | langkung gaib karsaning Hyang | Ki Wanapala wuwuse | yèn mêngkono asebaa | marang kêraton Dêmak | Ki Agêng Pêngging umatur | lah inggih samôngsa-môngsa ||

14. yèn Allah sampun marêngi | pintên dangune lumampah | ing mangke nuwun dukane | gampil masalah [masa...]

--- 1 : 160 ---

[...lah] ing bênjang | Ki Gêdhe Wanapala | ya sun alimi sirèku | sajêrone têlung warsa ||

15. manira ingkang ngalimi | yèn ana dukaning nata | maklum ingsun marang kowe | bok durung tinêmu sira | ing pikir pêkênira | Ki Gêdhe Pala wus mundur | wus prapta nêgari Dêmak ||

16. lajêng tumamèng jro puri | prapta ngarsane sang nata | ingawe lajêng lampahe | gupuh angaturi salam | katur sasolahira | purwane kala ingutus | dhawuhkên kang pangandika ||

17. jawabe Ki Agêng Pêngging | sual kang kalih prakara | dipun pilih sêdayane | alêrês panggalih tuwan | saking wêtawis kula | Ki Agêng Pêngging pukulun | saèstu angrangkêp cipta ||

18. yèn pinêngkok angombèri | dene lamun ingomberan | mèlèd tur tega patine | nanging ta atur kawula | paduka dèn sêgara | ing wangên amba duk wau | mapan inggih tigang warsa ||

19. ya ta sampun lami-lami | tigang warsa datan prapta | andhatêngakên dukane | Jêng Sunan Kudus ngandikan | glis prapta ngarsa nata | angandika sang aprabu | ki jêbèng paran karsanta ||

20. prakara Ki Bayi Pêngging | mandayèng kêraton ingwang | sira lumakua dhewe | lah môngsa bodhoa sira | pan sira wus wêweka | mrih lêgane ing tyas ingsun | Susunan Kudus sandika ||

21. wus lumampah cara santri | sabat pêpitu binêkta | sarwi ambêkta kang bêndhe | Kyai Macan kang binêkta | wus lêpas lampahira | nêngêna gênti winuwus | Ki Agêng [A...]

--- 1 : 161 ---

[...gêng] Tingkir pralaya ||

22. nulya sinucèkkên aglis | layon anganti praptanya | Ki Agêng Pêngging praptane | duk sêmana wus putusan | Ki Agêng Pêngging prapta | anyungkêmi layonipun | karuna kadya wanodya ||

23. kakang antènana mami | alayar sêgara rahmat | aja lawas raganingong | tan bisa kari nèng dunya | pisah lawan paduka | tan kêni tinambak kang luh | ki agêng maca istigpar ||

24. wasubkhana ilaihi | gupuh layon siniraman | sinalat sinarèkake | kinubur ing ardi Purwa | cinatur tigang dina | Ki Agêng Pêngging puniku | dènira nèng ardi Purwa ||

25. wus pamit pan arsa mulih | Ki Agêng Tingkir lingira | ngantia pitung dinane | kakangira antènana | kang rayi aturira | bakyu kula mêksa mantuk | sumêlang manah kawula ||

26. Nyi Agêng Tingkir ling aris | lah iya sakarsanira | tilare rakanta kabèh | apa ingkang dadya karsa | yayi sira gawaa | ki agêng alon umatur | gampil masalah punika ||

27. Ki Agêng Pêngging wus mulih | lampahe wus praptèng wisma | kawarnaa ing lampahe | Kangjêng Sunan Kudus prapta | salèr kali Cêmara | hyang rawi pan sampun surup | kèndêl satêngahing wana ||

28. têrataban pinggir kali | kanan kering padhusunan | Susunan Kudus karsane | tan arsa sipêng ing desa | pinggir kali kewala | milane sare nèng pundhung | wong desa aja na wikan ||

29. dalu arsa angyêktèni [angyêktè...]

--- 1 : 162 ---

[...ni] | karyane bêndhe punika | lan arsa myarsa unine | yèn bêngkêk bêndhe kang swara | tiwas ing lampahira | mangkana kalaning dalu | bêndhe tinabuh sêksana ||

30. angumbang lir macan muni | pan kadi macan angombang | lir macan satus swarane | kagèt sagunging wong desa | sakiwa têngênira | macan angombang sêdalu | enjing sami pinariksa ||

31. tan ana macan kaèksi | mung wong wolu ingkang ana | wong desa sami têtakèn | pundi swarane kang macan | sêdalu gènnya ngombang | ngandika Jêng Sunan Kudus | kene nora ana macan ||

32. sagunge wong ingkang prapti | wong sakiwa têngênira | andruwis dènira takon | mokal yèn botên wontêna | sêdaya samya myarsa | gumujêng Jêng Sunan Kudus | yèn mangkono desanira ||

33. aranana Sima iki | dene nora ana macan | sira miyarsa swarane | samya ngèstokkên sêdaya | desa araning Sima | wus lajêng Susunan Kudus | kang arsa anatas nyawa ||

32. Mêgatruh

1. ngidul lêrês lampahira Sunan Kudus | sabat pitu datan kari | nginggil asar wancinipun | angliwati lèpèn alit | sabat siji matur alon ||

2. luhung kèndêl sakêdhap kularsa nginum | Sunan Kudus angling aris | lah sabarêna karuwun | kali buthêg toyanèki | mênawi ing kidul kono ||

3. ana banyu angumbea dèn atuwuk | mila katêlah sêmangkin |

--- 1 : 163 ---

kali Buthêk namanipun | lampahira sampun prapti | ya ta wontên kali katon ||

4. ya ta kèndêl lampahe Jêng Sunan Kudus | nyêmpal pang pepe alinggih | angombe sabat pêpitu | ngandika sang maha yêkti | pinggir kali Pepe ayom ||

5. nulya kèndêl anèng sangandhaping pucung | katingal dhukuh ing Pêngging | banjaran asri dinulu | anggênggêng tirise asri | sinawang katon saking doh ||

6. sami ayêm angaubi soring pucung | sabat pitu kanan kering | akathah rare kang rawuh | angrubung sami nakoni | sagunge kang rare angon ||

7. sami takon rare angon pan arubung | ting dalêjêg wira-wiri | apa sira gendhong iku | gumariwis ting caruwis | tan angsal dènnya têtakon ||

8. pan gumêdêr kang gendhong bêndhe rinubung | apa iki apa iki | rowange siji sumaur | sami rowange pribadi | ingsun badhe iku gembol ||

9. kaya kêkêb kêtara anganggo kuncung | ingkang sawiji nauri | kang patitis badhe kêmpul | ingkang bancol badhe tai | anyêntak sabat kang gendhong ||

10. bocah iki ting dalêjêg padha bêsur | bok dêlêng uwong sathithik | ingaruhan ora mundur | malah padha anggrayangi | ingkang gendhong mengkod-mengkod ||

11. ya ta mèsêm ngandika Jêng Sunan Kudus | sakarêpe bocah cilik | aja na kang ngaru-aru | sabat siji matur [ma...]

--- 1 : 164 ---

[...tur] aris | jêr rarene sami bancol ||

12. tinakonan tan wontên ingkang sumaur | malah malês anakoni | nêracak sami dêlurung | bocah bancol sun arani | nulya na wong tuwa katon ||

13. sarwi mikul pasangan nyangkêlit pêcut | cawête maksih mathingthing | jêr bobog ikête sabuk | upête mêrang cinangking | pan sarwi udud kêlobot ||

14. saking sawah aningali rare rubung | padha ngadêg anèng ngarsi | jêlèh-jêlèh cêluk-cêluk | padha edan si pênyakit | jamake padha andhodhok ||

15. ana uwong lungguh rinubung ting plangkruk | apa sira dêlêng iki | kaya jajahane mungsuh | wong linggih tan dèn èringi | sun gêbug sambilan mêngko ||

16. rare kathah prasami suka gumuyu | jêng sunan mèsêm lingnya ris | lah paman dimèkne iku | wus jamake rare cilik | jêr kêkasihe Hyang Manon ||

17. nulya linggih asèlèh pasanganipun | upête mêrang cinangking | ngungkabi kandhutanipun | têmbako anèng salêpi | anulya nyogok sêrotong ||

18. lah ta dawêg ki bagus andika udud | Sunan Kudus angling aris | narima wong sanak ingsun | rika ududa pribadi | aja sira walangatos ||

19. hèh kisanak manira takon satuhu | langgar iki kang kaèksi | punapa ta dalêmipun | kiyai agêng ing Pêngging | kang tinanya matur alon ||

20. apan inggih padalêmane [padalê...]

--- 1 : 165 ---

[...mane] satuhu | gusti ki agêng ing Pêngging | pan sampun sêdasa dalu | gènira nandhang prihatin | anèng sajêroning kobong ||

21. sadhatênge ing Tingkir dènnya among kung | kang raka Ki Agêng Tingkir | kadangira tunggil guru | punika sampun ngêmasi | duk dintên Jumungah Êpon ||

22. kongsi mangke inggih dèrèng mêtu-mêtu | Kyagêng Pêngging sru prihatin | manira ugi katêmu | lan sabate pakne Kadim | mêkatên dènnya cariyos ||

23. kongsi mangke ngandika Jêng Sunan Kudus | ya paman tarima mami | iku saking pituturmu | di arane desa iki | kang tinanya matur alon ||

24. inggih dhusun ing Kênayan wastanipun | Sunan Kudus angling aris | êlihên ing Ngaru-aru | manira ingkang nyalini | inggih prayogi linakon ||

25. sigra lajêng lampahe Jêng Sunan Kudus | prapta ngandhaping kuwèni | sêjawine banon agung | saking gênge wit kuwèni | gênging uwit cilik kêbo ||

26. pinggirira lir waringin siyubipun | ênggone uwong aninis | jêng sunan kèndêl ing ngriku | batur samya kinèn kari | sami winangsit ponang wong ||

27. lamun ana wong gumêdêr wêkas ingsun | bêndhe tabuhên dèn aglis | malêbu dhewe wak ingsun | tan anggawa batur siji | nulya na ni tuwa katon ||

28. jêng susunan anitipkên sabatipun | ingong umarak kiyai | saru yèn gawaa batur | ingsun ora mêtu

--- 1 : 166 ---

kori | saking ing butulan kulon ||

29. lah ing pundi wisma andika ki bagus | kang tinakon anauri | manira iki ing Kudus | matura Ki Gêdhe Pêngging | yèn ingsun arsa maring jro ||

30. cèthi mojar nauri wêcana arum | ki agêng lagya prihatin | tan bisa manggihi tamu | Sunan Kudus anauri | têka matura dèn gupoh ||

31. ingsun iki utusanira Hyang Agung | ingsun wong têka ing langit | cèthi sêksana malêbu | manêmbah sarwi wotsari | saking sawijining kobong ||

32. adhuh gusti ing jawi wontên têtamu | ngakên dutane Hyang Widi | tiyang saking langit biru | ki agêng mèsêm lingnya ris | undangên mring ngarsaningong ||

33. cèthi mêdal ingawe sigra malêbu | prapta ing jro wus apanggih | anguluki salam wau | ki agêng anglingkab samir | ing ngriki sami alunggoh ||

34. wus anjawab tangan sami tata lungguh | kyagêng ngandika mring rabi | Rubiyah saosa gupuh | sugata ingkang prayogi | kang rayi sigra mring pawon ||

35. Sunan Kudus sigra andhawuhkên wuwus | hèh ta ki agêng ing Pêngging | timbalane sang aprabu | êndi kang sira karêpi | aja nganggo walangatos ||

36. jaba jêro ing ngisor kêlawan dhuwur | Ki Agêng Pêngging nauri | nora bisa milih ingsun | kabèh iku ngong karsani | apan ora dhandhang ênggon ||

33. Dhandhanggula

1. yèn miliha ing jêro pan jidik | yèn miliha jaba luwih [lu...]

--- 1 : 167 ---

[...wih] sasar | sêmang-sêmang pangidhêpe | yèn miliha ing luhur | pan kumandhang ingaku yêkti | yèn miliha ing ngandhap | iya iku bingung | sasare patang madahab | jaba jêro ngandhap luhur darbèk mami | karine duwèk ingwang ||

2. Sunan Kudus pamuwuse bêngis | sira iku apa kêkandhangan | apa mantêp panggilute | ki agêng lon sumaur | pindho gawe sira ki bayi | yèn wus kinêcapêna | pêsthi yèn dèn ulu | linêpèha siya-siya | pan was-uwas iku panggawening eblis | angas pangidhêpira ||

3. Sunan Kudus angandika aris | apa bisa mati jroning gêsang | gêsang jroning mati mangko | manira arsa wêruh | Kyagêng Pêngging aris nauri | insa Allah yèn bisa | aja na sirèku | nora anggêgampang iman | sira iku andalih ing apa mami | manira tan suminggah ||

4. lamun sira andaliha santri | nyata santri satuhu manira | têrkanên rêraton mangko | nyata wijiling ratu | yèn narkaa Allah sirèki | pan ila nyata Allah | sakarsanirèku | kawula nyata kawula | Sunan Kudus ngandika arsa ngyêktèni | arsa wruh patinira ||

5. anauri ki agêng ing Pêngging | yèn mangkono karsaning narendra | sira karyaa labête | manira durung nêmu | umat bisa mati pribadi | nanging pênjaluk ingwang | ing sapungkur ingsun | aja ngèmbèt ing ngakathah | angamungna ingsun dhewe kang nglakoni | Sunan Kudus ngandika ||

6. iya aja sira walangati [wa...]

--- 1 : 168 ---

[...langati] | dyan ki agêng aris angandika | payo sêkingira kuwe | bêlèkna sikut ingsun | dyan binêlèk sikut ing sêking | ki agêng mêgêng napas | aniba wus lampus | Susunan Kudus anggêtak | uluk salam Ki Agêng Pêngging nauri | iya ngalekum salam ||

7. Sunan Kudus sêmana gya mijil | sawêdale pan sampun kêpanggya | lawan sêkhabate kabèh | wuwusên garwanipun | nyai agêng datan udani | miyak gubah umiyat | yèn kang raka lampus | kunarpane gilang-gilang | sru karuna kang raka dipun sukêmisungkêmi | sambate lara-lara ||

8. para cèthi sêdaya anangis | kapiyarsa jawi pêkarangan | sêdaya anak putune | jalu èstri malêbu | langkung gumrah swaraning tangis | ki gêdhe kênèng cidra | ing jawi gumuruh | kulawôngsa sami prapta | sawontêne gêgaman Pêngging nututi | samya asru karuna ||

9. sabat jêro Pak Kadim nulya glis | manjing pura gya Pak Kadim sigra | dènira amundhut bêndhe | Kiyai Udanarum | bêndhe iku kalane dhingin | Dipati Dayaningrat | ing nalikanipun | lêlana bêdhah nêgara | lamun bêndhe tinabuh ana gumiris | pêsthi kanang kang yuda ||

10. Udanarum tinabuh tinitir | abusêkan wong Pêngging wurahan | alok awor lan tangise | wêtara kalih atus | ingkang sami tumandang dhingin | kang kari aliwêran | gumêrah asêlur | Sunan Kudus amiyarsa | sigra kèndêl [kèndê...]

--- 1 : 169 ---

[...l] sangandhaping pucung nênggih | Ngaru-aru Kênayan ||

11. Kyai Macan tinabuh tinitir | swaranira lir macan angombang | wadya Pêngging pandulune | balane Sunan Kudus | pan ayutan tembak kaèksi | anggabag warna-warna | lir jêladri têdhuh | ngalèr ngilèn ingkang wadya | kulawôngsa king Pêngging samya nututi | tan wontên miris ing tyas ||

12. hèh wong cidra rampêdên ja kari | aja tanggung ingsun belakêna | ilokêna gustiningong | sisakêna sêdarum | ilokêna wong tuwa mami | tinon sami kotbuta | jêng sunan ing Kudus | nolèh kèndêl angandika | hèh wong Pêngging ingsun ora angèmbèti | marang kang kaya sira ||

13. kulawôngsa king Pêngging samyanjrit | hèh wong cidra sakêthi wuwuha | payo tamèng jaja kene | angadu tosing balung | lan angadu pêrêding kulit | atêpung pupu jôngga | akantaran bau | payo atakêr rudira | kakêncêngan ingobat angadu sêkti | dèn panggah aja oncat ||

14. Sunan Kudus mèsêm nolih-nolih | sarwi alon pangandikanira | wong Pêngging amêsakake | aja na salah dudu | pan wong cilik nora udani | dosane gustinira | aprana ing ratu | têkêne kinipat ngetan | pangrasane mungsuhe mangetan sami | wong Pêngging samya ngetan ||

15. ambêbujung prasami nututi | gaman lêksan prasami mangetan | tan kêna pinangguh lire | wong Pêngging [Pêng...]

--- 1 : 170 ---

[...ging] ting bilulung | mungsuhira angetan sami | pijêr ajêjibungan | angalor angidul | ngalor ora ngidul ora | Sunan Kudus ing kali Pepe wus prapti | lor kali tata lênggah ||

16. anyirati têgal pinggir kali | angandika marang sabatira | wong Pêngging amêsakake | tan beda awak ingsun | duwe sanak lan duwe gusti | dimèkne padha prapta | ing sasêdyanipun | yèn wis karingête mêdal | lan yèn uwis ngancik têgal pinggir kali | dimèk nêpsune ilang ||

17. glis angawe lan têkêne nuli | ngidul ngetan kang bingung waluya | sigra anut sêlasahe | nulya surak gumuruh | pitung atus yèn winêtawis | samya rahab sêdaya | kidul kali rawuh | mungsuhe ika katingal | pangrasane mungsuhe ana sakêthi | aglar ing wawukiran ||

18. wadya Pêngging ngancik pinggir kali | manahira pan sampun dêrana | prasami ilang nêpsune | milane ana dhusun | ing Dêrana jibungan nênggih | ya ta ingkang kocapa | susunan ing Kudus | ingkang aparing wasiyat | wadya Pêngging sêmana pan sampun mulih | amênêdi kunarpa ||

19. Sunan Kudus pan arsa lumaris | kawarnaa wong Pêngging sêdaya | layone sampun sinare | lor wetan dalêmipun | garwanira sangêt prihatin | putra jalu satunggal | wayahe cumucud | sampunira pitung dina | garwanira nyi agêng nusul ngêmasi | sinare nunggil raka ||

20. Mas Karèbèt pan ginanti-ganti [ginanti-...]

--- 1 : 171 ---

[...ganti] | kang kanggonan sêntana sêdaya | dèn êmong ing sakarsane | Sunan Kudus winuwus | lampahira ing Dêmak prapti | katur sasolahira | pratingkah ingutus | jêng sultan kêlangkung suka | datatita sawusnya ing lami-lami | jêng sultan ing Bintara ||

21. apêputra nênêm kathahnèki | èstri siji kang priya lêlima | pangeran ing Sabrang Êlèr | punika kang pêmbayun | krama angsal ing Panaragi | Bêthara Katong nama | ingkang kambil mantu | panênggak Radèn Trênggana | ingkang rayi Pangeran Seda ing Kali | lan Pangran Kandhuruan ||

22. dyan pamêkas punika pawèstri | Ratu Êmas nyawa sampun krama | angsal Panêmbahan Cêrbon | Sinuwun Bintarèku | kawarnaa sampun ngêmasi | ingkang gumanti nata | putra ingkang sêpuh | Pangran Sabrang Lèr kang nama | tan alami jumênêng nulya ngêmasi | sinare tunggil rama ||

23. nulya Radèn Trênggana gumanti | ingèstrènan pra wali sêdaya | Sultan Dêmak bisikane | pangulu Sunan Kudus | pêpatihe anulya lalis | Kyana Patih Mangkurat | sutanya jêjuluk | Kyana Patih Wanasalam | kunêng Dêmak ing Pêngging kocapa malih | Mas Karèbèt kawarna ||

24. wayah umur wus sêdasa warsi | langkung pêkik ing suwarnanira | pidêksa sêdhêng dêdêge | alus sarira lurus | bau wijang mêmêt aradin | kang cahya lir sêsôngka | mangsane mawêlu | nanging kuciwane lola | maksih rare karêm maring wong

--- 1 : 172 ---

aringgit | asring angèngèr dhalang ||

25. sêntanane gilir kang tut wuri | Mas Karèbèt tinut sukanira | dèn ugung ing sakarsane | malah wus bisa manggung | kawarnaa Nyi Agêng Tingkir | marang Pêngging sêmana | karsane yun wêruh | mring putrane arinira | dene ibu rama wus sami ngêmasi | ing Pêngging sampun prapta ||

26. Mas Karèbèt pan sampun kêpanggih | tinangisan dhumatêng kang uwa | sanak-sanak ingsun kabèh | kalane ingsun dulu | kathah-kathah kêrasèng galih | ngong jaluk lilanira | kabèh sanak ingsun | aprakara anak ingwang | ingsun êmong sun gawa marang ing Tingkir | kabèh matur sumôngga ||

27. wus binêkta ki jaka mring Tingkir | sapraptane pan dinama-dama | dipun ugung sakarsane | nyai agêng puniku | pan kèringan ing kanan kèri | saking tilasing raka | pan sinugun-sugun | pinundhi-pundhi macêpat | Mas Karèbèt katêlah Ki Jaka Tingkir | ana ing ardi Purwa ||

28. karêm saba alas-alas sêpi | jurang pèrèng wana pagunungan | kêrêp nginêp ing pêpèrèng | tur asring nginêp gubug | anênggani têgal kang sêpi | dènnya mrih kabudayan | punjul ing tumuwuh | graitèng kaprajuritan | mrih digdaya prawiraa ing ajurit | anèh lan rare kathah ||

29. ingkang uwa kêlangkung prihatin | lami-lami Ki Jaka diwasa | agung saba wana bae | asipêng tigang dalu | malah kongsi satêngah sasi | langkung susah kang uwa | duk sêmana rawuh | ingkang putra tinangisan | nglingnya kulup [ku...]

--- 1 : 173 ---

[...lup] apa sêdyanira kaki | agung nginêp ing têba ||

30. aja sira nginêp wana maning | têmah gawe rasaning tyas ingwang | tan ana sun dulu anggèr | balikan sira kulup | apa ingkang sira karsani | lah sira jêjaluka | ing sapatutipun | wong dama mêskin manira | amêpêki tilare wakira swargi | tan kurang bêrkatira ||

31. lamun sira rêmên atêtêgil | nora rêmên sira saba wisma | angur ta mèlua anggèr | anèng pêgagan matun | marang baturira mas gusti | wong roro juru gaga | iya anak ingsun | ana kang sun arsa-arsa | ya ta wau Ki Jaka amundhut wangkil | nusul marang pêgagan ||

32. pêgagane sawetane kali | nusul marang bature ibunya | kalih juru pêgagane | sadina nora mantuk | santri kalih mulih abukti | ing wayah wusing Asar | awor riris mêndhung | Jêng Sinuwun Kalijaga | saking kidul lampahira têkên êcis | pan saking Pêmancingan ||

33. nguwuh saking jawi pagêr gagi | kulup-kulup lah sira lèrèna | sira marènana anggèr | sirèku bakal ratu | ingkang mêngku ing tanah Jawi | anguran suwitaa | marang Dêmak kulup | ing kono dadi jalaran | ya ta lajêng wau Jêng Susunan Kali | ngalèr ngetan lampahnya ||

34. pan Ki Jaka waspada ningali | saking têbih dupi katingalan | Ki Jaka mulih ge-age | matur mring ibunipun | ibu wontên tyang langkung gagi | sarwi nguwuh kawula | hèh muliha kulup | aja

--- 1 : 174 ---

karêm nèng pêgagan | suwitaa marang ing Dêmak nêgari | sirèku bakal nata ||

35. ingkang ibu nauri aniti | lah ta kulup dêdêge kaya pa | kang nguwuh marang ing kowe | kang putra alon matur | rogok-rogok kêpara inggil | cêmêng rasukanira | dhêstaripun wulung | kang ibu aris ngandika | iya iku kulup Jêng Susunan Kali | age turutên nyawa ||

36. sira olèh sabdanipun wali | age kulup sira lakonana | suwitaa Dêmak anggèr | nanging ta wêkas ingsun | ing Sêsela jujugên dhingin | lan sira anuwuna | pituduh satuhu | wis kulup sira mangkata | wêkas ingsun aja sira salah kapti | kinèn ngatêrkên sigra ||

37. mring santrine Nyai Tingkir kalih | iku ingkang kinèn tuduh marga | Ki Jaka Tingkir nulya ge | mring ibu nêmbah matur | sarwi ngaras suku wotsari | yèn prapta ing nêgara | kulup wêkas ingsun | anjujuga pamanira | iku uga kulup pamanira yêkti | aran Gadamustaka ||

38. iku lurah wong angganjur dhingin | iya patut dadi gagêntinya | wakira ingkang sumare | kinèn ngatêrna sampun | nulya mentar Ki Jaka Tingkir | santri kalih tut wuntat | lampahe lêstantun | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Sela umarêk aglis | marang Ki Agêng Sela ||

39. mêndhêk-mêndhêk lir sata mèmèti | kagyat mulat Kyai Agêng Sela | Ki Jaka lênggah ngarsane | tanya sapa sirèku | têmbe mulat jênêng sun iki | Ki

--- 1 : 175 ---

Jaka awotsêmbah | manêmbah umatur | pangraosing manah amba | sadèrènge umatur sampun udani | dhatêng lampah kawula ||

40. Kyai Agêng ing Sêsela angling | angandika arum ing wêcana | iya ngong wus wruh karêpe | pan tanpa gawe ingsun | yèn tan wikan karsanta yêkti | antara pitung dina | Ki Jaka nèng ngriku | ki agêng kêlangkung rêna | wus winulang Ki Jaka raosing ngèlmi | Ki Jaka gya manêmbah ||

41. matur sêdyanira saking Tingkir | purwa madya wêsana wus tamat | ki agêng lon ngandikane | lamun sira kadyèku | ingsun iya têka ngamini | apa sakarsanira | manira jumurung | nanging ta wêkas manira | dipun emut larangan kalih prakawis | sumêngah kibir riya ||

42. tindakêna yèn uwis lumaris | yèn wis tata iku sira juma | trangna yèn wis padhang mangke | tugêlên yèn wis putung | awasêna yèn wus ningali | sambungên yèn diwasa | poma wêkas ingsun | yèn wis cêndhak kêthokana | dèn prayitna aja sira lali-lali | aja maro paningal ||

43. nora lair iya nora batin | ratu iku kalipahing Suksma | wruh kawula sakrêntêge | gusti pan uwis wêruh | apêrmana tingal nêrpati | nadyan ora pêrmana | osik muwus wêruh | yèn wus suci ciptanira | Radèn Jaka anêmbah nuwun ngabêkti | langkung kalinggamurda ||

44. pan adangu dènnya mituturi | enjingira ingkang kawarnaa | anêmbah amit lumèngsèr | wus lêpas lampahipun |

--- 1 : 176 ---

santri kalih ingkang tut wuri | datan kawarnèng marga | ing Dêmak wus rawuh | ingkang sinêdya wardaya | wawêlinge kang ibu Nyi Agêng Tingkir | wus prapta lampahira ||

45. Jaka Tingkir pan sampun alinggih | ya ta sira Ki Gadamustaka | lêlurah ganjur waune | santri kalih umatur | salamipun rakanta nyai | kaping kalih kawula | pan kinèn anjujug | ngaturkên putra rakanta | gih Ki Jaka arsa suwita sang aji | lingnya Gadamustaka ||

46. baya dudu putrane pribadi | gone mipil matur kang tinanya | ingkang rama duk waune | ing Pêngging milanipun | rama ibu sampun ngêmasi | ya ta Gadamustaka | wus kadugèng sêmu | santri kalih sigra mentar | sampun mulih Gadamustaka winarni | Suranatan wastanya ||

47. langkung sihe mring Ki Jaka Tingkir | siyang dalu datan kêna pisah | dene mlasasih polahe | ya ta lami cinatur | kawarnaa sri narapati | kangjêng sultan ing Dêmak | têdhak karsanipun | asalat mring Suranatan | wanci asar sabêne sri narapati | salat mring Suranatan ||

48. upacara wus samya umanjing | bubar kabèh wong ing Suranatan | dhèrèk jêng sultan rawuhe | nulya manjing sang prabu | pan sêdaya malêbêt sami | Gadamustaka mojar | marang putranipun | kulup age marenea | kangjêng sultan atêdhak salat ing mêsjid | sira mrenea inggal ||

49. Radèn Jaka Tingkir maksih kari | eca dènnya andhodhok kewala |

--- 1 : 177 ---

sangsaya cêlak tindake | Ki Jaka mlumpat wau | sarwi mungkur datan kuwatir | sakilèn kambang prapta | jêng sultan andulu | kagyat waspada ing tingal | sarwi mèsêm ngandika wêcana manis | iku anake sapa ||

50. Kyai Gadamustaka wotsari | dhuh pukulun pan anak kawula | rare dhusun wijilane | Nyai Tingkir kang sunu | angandika sri narapati | sun pundhut anakira | undangên ngarsèngsun | ya ta Ki Gadamustaka | animbali marang Jaka Tingkir prapti | ngarsane sri narendra ||

51. pan sumungkêm lir konjêm ing siti | kangjêng sultan aris angandika | hèh bocah sapa arane | sirèku rare dhusun | warnanira dene apêkik | Ki Jaka awot sêmbah | kawula pukulun | pun Jaka Tingkir patikbra | sultan mèsêm nanging tan katarèng lathi | anggunggung solahira ||

52. lah ta bocah sun pundhut sirèki | iya sira ngong gawa mring pura | Ki Jaka awot sêmbahe | jêng sultan minggah sampun | salat asar bakdane singgih | kundur marang ing pura | Ki Jaka tut pungkur | tan kawarna lampahira | kangjêng sultan wus prapta sajroning puri | kinanthi Radèn Jaka ||

34. Kinanthi

1. sapraptanira kêdhatun | sira Radèn Jaka Tingkir | winor lawan punakawan | miwah putra alit-alit | lamun sang nata cangkrama | tan pisah Ki Jaka Tingkir ||

2. nitih garbong bale lumur | para garwa jêbad bèdri | apêpara maring wana | sang nata misah pribadi [priba...]

--- 1 : 178 ---

[...di] | wuruk kêkalih binêkta | katiga Ki Jaka Tingkir ||

3. anitih tunggal lan wuruk | sira Radèn Jaka Tingkir | ana swara kumarosak | ngandika sri narapati | apa swarane kumrosak | umatur wuruk kêkalih ||

4. punika sima pukulun | ngandika sri narapati | apa wadon apa lanang | umatur wuruk kêkalih | kawula anuwun duka | kilap jalu lawan èstri ||

5. Ki Jaka Tingkir wotsantun | malumpat sing gêrbong aglis | lajêng ambêbujêng sima | cinandhak sima wus kêni | binopong marang ngayunan | ngarsane sri narapati ||

6. sang nata tumingal guguk | langkung trusthanirèng galih | wuwuh dènnya kapêrcaya | sira Radèn Jaka Tingkir | amêng-amêng marang toya | sungapan maring jêladri ||

7. sang nata anitih jukung | palwa prêmbayan tan kari | titihanira sang nata | Ki Jaka munggèng ing canthik | ya ta na gumêbyur toya | ngandika sri narapati ||

8. apa swarane gumêbyur | Dyan Jaka sigra gêbyuri | silulup bêbujung baya | cinandhak baya wus kêni | baya datan bisa polah | wus katur marang sang aji ||

9. tyas langkung marwata sunu | asih mring Ki Jaka Tingkir | katonton prawiranira | mangkana sri narapati | wadya prawira tamtama | kalih atus kang sinêlir ||

10. winuwuhan kalih atus | kang samya gambirèng wèsthi | kang nate mamah kêracan | susur cèkèl lawan biring | sêsogok kudhup cêpaka | cêcak-cêcak cacing kanil ||

--- 1 : 179 ---

11. nulya malih sang aprabu | cangkrama maring wanadri | wadya prawira tamtama | anyênjata sangsam sami | wong kalih atus sêmana | angsal sangsam anyatunggil ||

12. angandika sang aprabu | payo pilihana sami | ya ta wau pinilihan | wus katur marang sang aji | ingkang agêng-agêng samya | pinundhut ngarsa sang aji ||

13. wadya tamtama tinantun | sapa kêlar padha siji | tur pati urip sêdaya | labête datan kuwawi | mèsêm kangjêng sri narendra | Ki Jaka Tingkir wotsari ||

14. mênjangan ingangkat sampun | lir kapuk anèng astèki | sangsam binêkta ngayunan | tan adangu nulya prapti | ing ngarsane sri narendra | wus katur marang sang aji ||

15. kêlangkung trustha sang prabu | ningali Ki Jaka Tingkir | wus kundur sri naranata | sapraptanira ing puri | Ki Jaka Tingkir punika | karsane sri narapati ||

16. kinarya lêlurahipun | tamtama lurah kêkasih | misuwur wong sabintara | lamun Radèn Jaka Tingkir | anglurahi wong tamtama | ing Tingkir lurah kêkasih ||

17. abagus prawira punjul | jêtmika alus ing budi | limpad pasanging graita | sura wêweka nrang wèsthi | wadya prawira tamtama | sêdaya samya jrih asih ||

18. pan dadya panjanging kidung | dadya kondhang ing agêndhing | dadya ujaring wêlanjar | rôndha nom samya nontoni | sênadyan samia priya | brôngta mring Ki Jaka Tingkir ||

19. sandhung jêkluk tiba kabruk | sambat Radèn Jaka Tingkir | kajêngkang karangkang-rangkang [karangkang-rang...]

--- 1 : 180 ---

[...kang] | tulungana Jaka Tingkir | wong angob ngulèt sêsambat | kulakêp Ki Jaka Tingkir ||

20. wong mangan lagi amuluk | lêgêndêr dhuh Jaka Tingkir | uwong ingkang ngumbe toya | calêguk dhuh Jaka Tingkir | wong turu ngliyêp asambat | adhuh Radèn Jaka Tingkir ||

21. kocapa Jêng Sunan Kudus | tuwin sagung para wali | matur Kangjêng Sultan Dêmak | prakawis kang paman nênggih | Pangeran Panggung karsanya | sangêt amurang agami ||

22. Sultan Dêmak ngandika rum | paran ta sulayanèki | Jêng Sunan Kudus turira | mênawi malêbêt mêsjid | sêgawone kalih milwa | pun iman kêlawan tokhid ||

23. guyon anèng jro masjid gung | sarak dipun orak-arik | kangjêng sultan angandika | paran rêmbagira sami | kang para wali aturnya | prayogine dipun bêsmi ||

24. kinisas nèng alun-alun | sagung wong supados uning | jêng sultan sigra parentah | dhumatêng rêkyana patih | sêdya kayu duk lan lênga | tan adangu wus rumanti ||

25. kumpul anèng alun-alun | tinumpuk lir pendah wukir | Pangeran Panggung ngaturan | tan adangu sampun prapti | lênggah jajar lan jêng sultan | kirik kalih atut wuri ||

26. kang kayu sinumêd sampun | mubal kang dahana dadi | lir pendah sundhul ngakasa | jêng sultan ngandika aris | paman suwawi manjinga | dhumatêng lêbêting gêni ||

27. mèsêm Jêng Pangeran Panggung | amêcat canela kalih | sinawatkên jro dahana | kirik kalih dèn singsoti |

--- 1 : 181 ---

pun tokhid kêlawan iman | sigra manjing jroning gêni ||

28. guyon jro pawaka murub | kêkirik dipun cêthèti | mêdal saking ing pawaka | pun iman kêlawan tokhid | sami anyokot canela | siji sewang ingkang kirik ||

29. ingaturkên Pangran Panggung | para wali angêjèpi | dhatêng Kangjêng Sultan Dêmak | kangjêng sultan ngandika ris | gih kangjêng paman piyambak | manjinga sajroning gêni ||

30. sampun mawi wakil asu | Pangran Panggung mèsêm angling | Pangeran Panggung ngandika | ki jêbèng sampun kuwatir | jêng sultan mundhut daluwang | kalam sartanipun mangsi ||

31. ingaturkên Pangran Panggung | lajêng manjing jroning gêni | praptane sajro dahana | lajêng nancêbakên êcis | punika kinarya meja | nganggit suluk nèng jro gêni ||

32. Malang Sumirang kang suluk | sumirang amurang niti | mêdhot kêkuncung rinipta | panganggite jroning gêni | ingkang suluk sampun dadya | sirêp sirna ponang agni ||

33. kang suluk sinungkên sampun | mring Jêng Sultan Dêmak nênggih | jêng pangeran uluk salam | mring sultan lan para wali | lajêng musna anglêlana | lumampah nurut pasisir ||

34. kirik kalih datan kantun | pun iman kêlawan tokhid | lajêng bubaran sêdaya | mangkana ngalami-lami | wau Kangjêng Sultan Dêmak | amundhut uwong sinêkti ||

35. kocapa ing alun-alun | ing Dêmak panuju enjing | lêbon prawira tamtama | sutane mantri bupati |

--- 1 : 182 ---

Kyana Patih Wanasalam | nyaosakên sabên enjing ||

36. jinajal sami ingadu | lan banthèng sami sawiji | lamun banthèng nora pêjah | karo tangan angêmbari | nora kalêbu wong ika | wadya wiratamtamèki ||

37. lan maesa dhanu wantun | angêmbari padha siji | linawan tanpa gêgaman | karo tangan angêmbari | tinabok miwah dhinupak | maesa dhanu ngêmasi ||

38. padhusunan urut gunung | wong kang sami luwih-luwih | sami malêbu tamtama | sêdaya dipun jajali | ana klêbu ana ora | ya ta wontên kang winarni ||

39. ana wong luwih pinunjul | wong Kêdhu wismane Pingit | Dhadhungawuk namanira | têguhe kêpati-pati | malèsèd katiban braja | pan kadi bêlabag wêsi ||

40. lir sinosog godhong têbu | tan ana wêsi nêdhasi | sagung braja tan tumama | Ki Dhadhungawuk miyarsi | kêlamun sri naranata | amilihi wong linuwih ||

41. Ki Dhadhungawuk malêbu | wus prapta Dêmak nêgari | anjujug ing pasewakan | sangandhape ing sitinggil | gène prawira tamtama | Ki Dhadhungawuk wus linggih ||

42. rahadèn lurah winuwus | nuju ngandikan mring puri | Dhadhungawuk tinakonan | umatur kula ing Pingit | arsa malêbu tamtama | duk kawula wontên Pingit ||

43. tanpa tandhing sampun wudhu | kalis sêkathahing wêsi | kula puniki miyarsa | lamun gusti sri bupati | karya prawira tamtama | milih jalma kang linuwih [linu...]

--- 1 : 183 ---

[...wih] ||

44. kang têguh prawira timbul | pramila kawula prapti | kula turna mring sang nata | tamtama samya nauri | inggih mangke radèn lurah | sawêg ngandikan mring puri

45. tan adangu praptanipun | saking pura Jaka Tingkir | obah prawira tamtama | rahadèn lurah wus linggih | umatur para tamtama | anggèr punika tyang Pingit ||

46. kêdah katur sang aprabu | inggih têtiyang puniki | manjing prawira tamtama | mèsêm Radèn Jaka Tingkir | abot paman wong tamtama | jinajal karsaning gusti ||

47. pan kônca kula sêdarum | nêracak asusur biring | kabèh tau siring pêdhang | kalis sakathahing wêsi | Dhadhungawuk aturira | anggèr langkung sukèng galih ||

48. alêsu sariraningsun | yèn botên katiban wêsi | lamun towonga sadina | yèn botên rinampog biring | agatêl badan kawula | yèn botên dipun gêbugi ||

49. ing alu kêlawan watu | dene kangjêng sri bupati | amilihi wong prawira | milane kawula ngabdi | manjing prawira tamtama | ngandika Ki Jaka Tingkir ||

50. paman sun jajal karuwun | Dhadhungawuk matur inggih | anggèr lêgane kang manah | Radèn Jaka ngandika ris | iya ingsun dhewe paman | ingkang jajal ing sirèki ||

51. dèn kêparèng ngarsanipun | Dhadhungawuk marêpêki | Radèn Jaka sigra mucang | anggigit sadak ngênjêti | sêksana sinuduk sadak | pêcah jajane ngêmasi ||

52. angêjèpi kancanipun | sêdaya nampani wangsit | sigra

--- 1 : 184 ---

kinêrocok sadak | ajur mumur rontang-ranting | Dhadhungawuk jisimira | apan ora dadi takir ||

53. tan ana liyane iku | sadak kinarya nyuduki | sagung bupati kang seba | sêdaya kagyat ningali | pangrasane Radèn Jaka | anglunasi kancanèki ||

54. ya ta lami-lami katur | marang kangjêng sri bupati | Radèn Jaka Tingkir nglunas | wong Kêdhu wismane Pingit | pêjah kinêrocok sadak | kuwandane rontang-ranting ||

55. langkung duka sang aprabu | jaja bang mawinga wêngis | Kyana Patih Wanasalam | tinimbalan marang puri | prapta ngabyantarèng nata | ngandika sri napatiKurang satu suku kata: ngandika sri narapati ||

56. apa sira nora wêruh | tingkahe Si Jaka Tingkir | matèni wong tanpa dosa | kyana patih awotsari | pukulun putra paduka | panggalih neneman gusti ||

57. inggih dèrèng darbe maklum | kasusu panasing galih | ningali wong pêksa lancang | sinuduk sadak ngêmasi | sru ngandika kangjêng sultan | inggal tundhungên Si Tingkir ||

58. wêtokna saking prajèngsun | iku nyênyukêri bumi | wêtokna jaba nêgara | aja awèh gawa dasih | dimèk dadi wong alasan | kyana patih nêmbah mijil ||

35. Mijil

1. kyana patih sapraptaning jawi | panggih lan sang anom | dhinawuhkên wau timbalane | dika tampi dhawuhe sang aji | anak dipun aglis | andika tinundhung ||

2. sampun ngancik sajroning nêgari | dhawuhe sang katong | Radèn Jaka sandika ature [a...]

--- 1 : 185 ---

[...ture] | dhuwung sigra ingaturkên aglis | mring kancane sami | pan sarwi rawat luh ||

3. tan adangu parêkan mring jawi | sarwi bêkta kanthong | lah punika ki patih niyate | bokmênawa sanakira prapti | paringna puniki | reyal patang puluh ||

4. kyana patih apan sampun tampi | paringe sang katong | Radèn Jaka kang winarna mangke | sampun pamit mring kancane sami | wadya tamtamèki | sêdaya rawat luh ||

5. sigra kesah Radèn Jaka Tingkir | tanpa rowang kang wong | amung karo lawan wayangane | sarwi mirong kunca lampahnèki | tan sae kêpanggih | lawan saminipun ||

6. sampun lêrês Ki Jaka ing Tingkir | lampahira alon | wus kêpungkur nagri Dêmak mangke | sampun ngancik dhatêng ing wanadri | Radèn Jaka Tingkir | langkung kawlasayun ||

7. kagegeran kang buron wanadri | jrih mulat sang anom | udan angin bayu bajra awor | apan gênjot bumi gonjang-ganjing | obah wana wukir | sela agêng gugrug ||

8. abusêkan isining wanadri | samya giwar gêro | pracalita gêtêr-patêr dhèdhèt | kumêrasak orêg erawati | pôncawara midid | wrêksa agung rubuh ||

9. mèh raina ririsira aris | maruta wus alon | byar raina baskara wêtune | Radèn Jaka gya lumampah aris | ngetan nurut wukir | wana ujung gunung ||

10. salamine ana ing wanadri | tan kauban wangon | akèh macan [maca...]

--- 1 : 186 ---

[...n] utawane banthèng | buron wana kang kêpranggul ajrih | nèng jajahan nênggih | wana Cêngkalsèwu ||

11. sukuning wukir tinurut singgih | pèrènge jurang jro | nyabrang Kêndhêng mangidul lampahe | kunêng wau Radèn Jaka Tingkir | gantia winarni | Ki Agêng ing Butuh ||

12. tunggil lawan Ki Agêng ing Pêngging | gènira paguron | duk sêmana Ki Butuh sêdyane | atirakat arsa atêtuwi | ajar kari siji | anèng gunung Kêlud ||

13. pan kêpranggul lawan Jaka Tingkir | Ki Butuh anguwoh | sira iki rare sapa rane | saya dangu ki gêdhe ningali | sangsaya dumêling | ana èmpêripun ||

14. sun têrkaa babo sira iki | mèmpêr kadang ingong | angakua ing ngêndi wijile | kaya mèmpêr lan kakang suwargi | Ki Agêng ing Pêngging | sêmune sun dulu

15. pan Ki Jaka matur awotsari | pan ing Pêngging ingong | gih Ki Agêng Kênanga wartine | inggih pêrnah bapa kula yêkti | Radèn Jaka Tingkir | gya rinangkul gapyuk ||

16. tinangisan sirahe kinêmpit | nyawa putraningong | mêlasasih sasolah-solahe | dene sira katêmu nèng ngriki | Dyan Jaka wotsari | matur solahipun ||

17. duk kalane seda kakang swargi | ingsun takon mangko | sira kulup ingsun takokake | jare uwis ginawa mring Tingkir | wus lêga tyas mami | ana ingkang mupu ||

18. mêngko sira kêpanggih nèng ngriki | radèn matur alon | saking Dêmak kawula [ka...]

--- 1 : 187 ---

[...wula] jatine | pan kawula dinukan sang aji | wit kawula ngabdi | lurah tamtamèku ||

19. wus jinarwa purwanirèng nguni | awite binêndon | wus sampurna purwa wêkasane | Kyai Butuh angungun miyarsi | gya binêkta mulih | wus prapta ing Butuh ||

20. pan Ki Buyut Ngêrang dèn utusi | prapta sabrang kulon | wusnya lênggah ki buyut sabdane | lah ta kakang niki putra mami | ingkang saking Pêngging | têtilaranipun ||

21. pan Ki Agêng Kênanga ing Pêngging | lah radyan nak ingong | Gêdhe Ngêrang alon ing wuwuse | adhuh nyawa mèlu ngêmpèk mami | anak mring sirèki | radyan matur nuwun ||

22. pan cinatur anèng Butuh lami | radèn prawira nom | kalih wulan nênggih ing lamine | wus winulang sêkathahing ngèlmi | tingkah kang sayêkti | wêkasing tumuwuh ||

23. miwah ngèlmu wong madêg nêrpati | amêngku kêprabon | wutah kabèh Ki Buyut wuruke | kadigdayan kanuragan sêkti | lan Buyut Ngrang sami | têlas wurukipun ||

24. dèn prayitna bekaning dumadi | kang murung lêlakon | sira iku bakal ratu gêdhe | amêndhêka yèn ana ngladaki | bapang dèn simpangi | ana catur mungkur ||

25. wiwitane guna lawan sêkti | saking andhap asor | wani kalah luhur wêkasane | kaya sira dhingin anyuduki | wong tanpa dosèki | iku dudu laku ||

26. pan wus kocap ingkang dhingin-dhingin | laku andhap asor | ingkang padha pinunjul dadine [dadi...]

--- 1 : 188 ---

[...ne] | para ratu myang mantri bupati | mapan sira kaki | bakal sakaguru ||

27. ingkang tinut nabi wali mukmin | kang mêngku kêprabon | kang kinarya dening Hyang purwane | awit lara wêkasane mukti | Nabi Dawud dhingin | miwah Nabi Yusup ||

28. Nabi Musa lan Nabi Ibrahim | kang mêngku kêprabon | anadene nabinira dhewe | kangjêng rasul niyakaning bumi | pan papa kariyin | wêkasane luhur ||

29. amung Nabi Suleman kang awit | karsane Hyang Manon | pan kinarya nglairkên kodrate | amarentah samaning dumadi | tan sinung papa wit | mung sawiji iku ||

30. nora kêna èmpêrên samangkin | kamuktèn mangkono | amusakat saking wiwitane | lamun awit dêlundung amukti | pan wahyuning eblis | muktine panglulu ||

31. wus wajibe wong anyilih iki | ngulihakên yêktos | lamun nagih datanpa potange | pêsthi lôngka puniku yèn olih | yêkti mundhak isin | nyawa anak ingsun ||

32. lamun kaki sira arsa nagih | motangna nak ingong | lamun ora olih pênagihe | ya pêsthine kêna dèn antèni | yèn ora motangi | nagih datan antuk ||

33. Radèn Jaka padhang ingkang galih | miyarsa wiraos | sakêlangkung kaduwung polahe | solahira ingkang dhingin-dhingin | èstu lamun sisip | galih wiwit sêpuh ||

34. lah balia marang Dêmak maning | aja kongsi adoh [a...]

--- 1 : 189 ---

[...doh] | lamun ana sultan pandangune | angliwêra ana kanan kering | yèn tan dèn ulati | sultan ora dangu ||

35. iya nuli muliha mring Tingkir | lan ing Pêngging kono | pan ing têmbe yèn ana lilihe | sri bupati yèn arsa nimbali | pan wijilannèki | pêsthi kang jinujug ||

36. yèn wis lilih poma dipun eling | dèn prayitnèng kewoh | aja mingis rêrasan kang kiye | bok karungu sêntana nêrpati | iku nyalawadi | sira ngandhut rukun ||

37. ya têdhanên marang ing Hyang Widi | sihira sang katong | pulung iku angèl pangalihe | nora tiba mring kang dèn sêngiti | pasthi kang dèn sihi | pangalihe pulung ||

38. yèn pinêsthi marang ing Hyang Widi | aja marga rusoh | basa rusoh pan mangkene lire | yèn duwea sira ciptèng batin | rusake sang aji | nuli inggal lampus ||

39. age pulung ngaliha mring mami | tan kêna mêngkono | iku rusuh panyiptamu anggèr | dèn aririh dèn narimèng pêsthi | satitahing Widi | nyawa dèn rahayu ||

40. dèn patitis muji ing Hyang Widi | dèn waspadèng batos | ya pintanên marang kang agawe | bumi langit iku ingkang kardi | jalukên dèn kêni | pamrêsirèng kayun ||

41. yèn dèn dohna kang sira jaluki | sayêktine adoh | parêkêna aparêk jatine | aja kandhêg dènira ningali | dadya dèn patitis | gonira jêjaluk ||

42. Radèn Jaka nêmbah turnya amit | ki agêng [a...]

--- 1 : 190 ---

[...gêng] lingnya lon | pujiningsun rina lan wêngine | lan ramanta Ki Buyut Ngrang iki | sira kang duwèni | wis mangkata kulup ||

43. sampun lèngsèr Ki Jaka pan aglis | alumampah alon | tan kawarna ing marga lampahe | praptèng Dêmak ngancik têpis wiring | Radèn Jaka Tingkir | kasmaran kêlangkung ||

36. Asmaradana

1. ya ta Radèn Jaka Tingkir | sapraptanira ing Dêmak | amêlingakên kancane | wadya prawira tamtama | kathah prapta colongan | amanggihi sang abagus | prasami lara karuna ||

2. atanya Ki Jaka Tingkir | kaya ngapa sri narendra | apa ana pêndangune | iya marang awak ingwang | matur wadya tamtama | inggih dèrèng wontên dangu | ing mangke gusti sang nata ||

3. Ki Jaka alit kang galih | dene sampun tigang wulan | nora ana pêndangune | pamit maring kancanira | nutukkên karsanira | kancanira sami matur | gih sampun têbih kewala ||

4. nêdya mantuk dhatêng Pêngging | lampahira Radèn Jaka | sarwi amirong kampuhe | katiwang-tiwang lampahnya | nêrajang wanapringga | sapraptane Pêngging sampun | dêdagan kuburing rama ||

5. ya ta malih kang winarni | wontên trahe Brawijaya | sêmpalan Jaran Panolèh | nama Arya Jômbaleka | rusake Majalêngka | adhêdhukuh ing Talsèwu | sukane ardi Dumilah ||

6. Ki Jômbaleka winarni | adarbe atmaja lanang | Ki Mas Mônca pêparabe | kang rama alul mêrtapa |

--- 1 : 191 ---

ya ta Ki Mas Amônca | tan arsa mêrtapa iku | ênggone mêrtapèng rama ||

7. sumêdya tapa pribadi | anênggih Ki Mas Amônca | pasisir kidul karsane | lampahe kalunta-lunta | lajêng ingambil putra | mring Ki Buyut Banyubiru | dhêdhukuh sakidul Balak ||

8. sakilène Gêtasaji | dadya karêm anèng kana | dene sangêt pêngandhêge | ki buyut kang ngambil putra | kêlangkung trisnanira | Ki Buyut ing Banyubiru | sakêlangkung asihira ||

9. ki buyut waspadèng gaib | kêlamun Ki Mas Amônca | ngêmbani ratu badhene | wus katingal cahyanira | sasêlane kang imba | pulung angêmbani ratu | ki buyut pan ora samar ||

10. têtiga kadange singgih | Ki Banyubiru ngandika | Buyut Majasta arine | lawan Ki Wuragil ika | Ki Majasta sêsuta | Jaka Wila wastanipun | kinadang lan Ki Mas Mônca ||

11. wau kang winarna malih | ingkang lagya adêdagan | anèng kubure ramane | Ki Agêng Pêngging punika | sira Rahadèn Jaka | lagya angsal tigang dalu | myarsa swara lamat-lamat ||

12. ujare swara dumêling | hèh Jaka sira lungaa | angidula ngetan kene | ngèngèra jalma dhêdhêkah | sakidul desa Balak | Ki Buyut ing Banyubiru | pituture lakonana ||

13. jênggèlèk Ki Jaka tangi | dènnya sare rêm-rêm ayam | nulya kesah age-age | tan ana wikan wangsanya | wanci bangun raina | kesahira [ke...]

--- 1 : 192 ---

[...sahira] sang abagus | ngidul ngetan lampahira ||

14. datan kawarna ing margi | lampahira Radyan Jaka | prapta ing Balak arèrèn | têtanya wong dhangir kacang | pundi dhukuhe paman | Ki Buyut ing Banyubiru | saure kidul punika ||

15. sigra radèn munggah wukir | Ki Banyubiru wus prapta | kèndêl ing jawi dhadhahe | sêjawine pêkarangan | Radèn Jaka têtanya | wus tinêdahakên sampun | ki buyut ingkang kocapa ||

16. alênggah lawan kang rayi | Ki Wuragil Ki Majasta | punika sami kadange | sira Ki Buyut Majasta | tan dangu dènnya prapta | eca dènira alungguh | sêkawan Ki Mas Amônca ||

17. Ki Banyubiru lingnya ris | mêngko ingsun dhêdhayohan | bakal madêg ratu gêdhe | ingkang mêngku tanah Jawa | datan adangu prapta | sigra Buyut Banyubiru | mudhun sarwi latah-latah ||

18. kang rayi kêkalih angling | lah kakang wontên punapa | tumurun suka guyune | ki buyut sumaur suka | dhêdhayoh ingkang prapta | kang sêsotya êmèh timbul | kari sêparoning kênthang ||

19. ki buyut amêthuk aglis | Ki Jaka sigra cinandhak | adhuh gustiningsun anggèr | Ki Jaka sigra anêmbah | ki buyut kipa-kipa | adhuh anggèr gusti sampun | kamangkara gustiningwang ||

20. kang badhe anggulung bumi | amêngku rat tanah Jawa | sêksana ingajak lunggoh | ki buyut angling mring putra | kulup Mônca ta sira | ngabêktia [ngabê...]

--- 1 : 193 ---

[...ktia] dèn agupuh | iya iki gustinira ||

21. cinarita tigang sasi | nèng Banyubiru rahadyan | ki buyut nêlas wulange | ngèlmu jaya kadigjayan | widigda-kawidigdan | miwah ngèlmune kêprabun | ki buyut nêlas wulangnya ||

22. kadangira Ki Wuragil | pêputra sawiji lanang | Ki Buyut ing Majastane | sutane ran Jaka Wila | tinumutakên radyan | Ki Buyut ing Banyubiru | angatag marang rahadyan ||

23. anggèr wus sêdhênge mangkin | môngsa tibane nugrahan | andika mring Dêmak anggèr | mumpung ta rama andika | wontên ardi Prawata | sang nata karsa ngêdhatun | lan sawadyabalanira ||

24. andika ngatingal nuli | pun bapa bêktani sarat | ingkang dadya jalarane | kawula bêktani lêmah | lolohêna maesa | yèn angsal maesa dhanu | dimèn ngamuk kang maesa ||

25. nèng pêsanggrahan nêrpati | môngsa wontên kêlar nôngga | liya andika rahadèn | rayi andika Mas Mônca | sêparan sampun pisah | Ki Wila Wuragil wau | rumêksaa gustinira ||

26. ki buyut sigra ngundhangi | marang anak putunira | prasami akarya gèthèk | akukuh pan sampun dadya | ginayut êduk ika | kang badhe titihanipun | radèn arsa mêdal toya ||

27. banjur milir mring bênawi | saking Banyubiru enjang | anjog saking kali Dêngkèng | ing Banyubiru punika | kidul Dêngkèng pêrnahnya | iringane wukir Kidul |

--- 1 : 194 ---

kidul wetan pênasaran ||

28. ki buyut awanti-wanti | lêmah punika ing benjang | lolohêna dhatêng kêbo | mesa pêsthi ngamuk sura | iku kang dadi marga | jalaran dika dinangu | marang Jêng Sultan Bintara ||

29. radyan tur sêmbah nulya mit | kêlawan Ki Mas Amônca | Ki Wuragil katigane | sêkawan Ki Jaka Wila | pamit sarêng wotsêmbah | Ki Buyut Majasta tumut | ngiras mantuk mring Majasta ||

30. wus mangkat sêkawan nuli | Ki Banyubiru sêmana | ngatêrkên ing kali Dêngkèng | wus numpak ing gèthèk samya | toyane milir kêras | Ki Wila Wuragil sampun | kang sami angagêm satang ||

31. Ki Mônca wêlah ing wuri | kêlawan Rahadèn Jaka | datan kawarna ilire | wus prapta dhukuh Majasta | tigang dalu ing kana | nulya lampahira laju | kapungkur dhukuh Majasta ||

37. Pangkur

1. sampun anjog ing bêngawan | gèthèk milir nlika asar kang wanci | kêdhung Srêngenge duk rawuh | mêndhung riris wor barat | nalikane ana katon rare ngangsu | tinanya marang Mas Mônca | sirèku rare ing ngêndi ||

2. ni rara anulya musna | gèthèk mubêng pan ora bisa milir | amilir-milir kuwangsul | winêlah nora kêna | pan sinatang nora jajag jêronipun | ngalor ngidul aputêran | datan antara kaèksi ||

3. baya gêbèl pan angrangap | pinggir kêdhung Srêngenge angêbêki | molah toya lir kinêbur | bajul iku bêbegal [bêbe...]

--- 1 : 195 ---

[...gal] | pan kinongkon bajul marang ratunipun | ratune Ki Baurêksa | Jalumampang kang pêpatih ||

4. bêkta tigang atus bala | sigra gujêg ing gèthèk gumariwis | Ki Wila Wuragil dulu | jungkêl kalêngêr mulat | ya ta radèn aris dènira amuwus | hèh ta yayi dèn prayitna | bilai gêng andhatêngi ||

5. gèthèk mubêng lumba-lumba | Ki Mas Mônca sinaut anadhahi | asarêng pêluk-pinêluk | kuwate Ki Mas Mônca | bajul siji binanting binuwang mamprung | tibèng dharat wus pralaya | kang kari angrubut wani ||

6. pinggire gèthèk anggabag | radèn angling yayi dèn ngati-ati | jaba sira ing jro ingsun | poma aja pêpeka | sigra radèn anggêbyur malêbèng kêdhung | barise katingal ngrangap | lir ratu amangun jurit ||

7. gègèr praptane rahadyan | lajêng ngamuk mangsah rahadèn mantri | anjêjêk dhupak anapuk | kang wuri maksih kathah | bajul rangap rahadèn mantri angamuk | saking pangrêksaning Suksma | miris bajul kèh ngêmasi ||

8. singa mangsah ting sulayah | kinêmbulan rahadèn datan miris | kinêrêk-kêrêk sinaut | rahadèn datan pasah | yèn ambanting rinangkêp tiga malêdug | rangkêp pat lima nêm bebas | rangkêp pitu wolu mati ||

9. ratune bajul bramatya | mulat lamun balane kèh ngêmasi | Baurêksa mangsah kiwul | rahadèn tinêrajang | pan sinaut rahadèn jajane cukup | saking [sa...]

--- 1 : 196 ---

[...king] gênge Baurêksa | sapuluh tal winitawis ||

10. ilate kadi sangkêlat | kadi kapurancang untunirèki | ulêse putih lir kapuk | netra kadi mutyara | Radèn Jaka sinaut-saut marucut | mubêng anèng sikilira | kinipat malumpat kuping ||

11. rinogoh netrane kêna | nglumba-nglumba rahadèn datan osik | bêngawan kadya kinêbur | ya ta kang anèng dharat | Ki Mas Mônca arame pêluk-pinêluk | lawan bajul Jalumampang | arame ukih-ingukih ||

12. cinandhak Ki Jalumampang | datan obah sinawatakên aglis | balêduk ing kayu wêru | patine Jalumampang | bajul kathah kang mara-mara kêsambut | angglasah binuwang dharat | kang urip pating karêmpis ||

13. Mas Mônca tuhu prawira | sampun têlas bajul kang anèng nginggil | Ki Wila Wuragil sampun | ngêlilir ngungun mulat | dene glasah bajul nèng dharatan lampus | wau kang anèng jro toya | Baurêksa wus kajodhi ||

14. amolah-molah tan bisa | wus anungkul balane dèn sapihi | kang samya nêdya têtulung | radèn aris ngandika | iya apa panungkulira maring sun | umatur Ki Baurêksa | punapa pinundhut gusti ||

15. rahadèn aris ngandika | ingsun jaluk pajêg bajul sawiji | siji-siji sabên taun | ature Baurêksa | inggih kula sumôngga karsa pukulun | nulya nguculkên sêksana | byar katon sajroning puri [pu...]

--- 1 : 197 ---

[...ri] ||

16. andhêndhêng kêdhatonira | Baurêksa sineba ing jro puri | rahadèn sinugun-sugun | pasrah kêratonira | cinarita Radèn Jaka tigang dalu | anèng kayangane baya | nulya pamit radèn mantri ||

17. Ki Baurêksa tut wuntat | ngatêrakên anèng jawining kori | lawan angaturi bajul | kinèn angatêrêna | anyônggaa ing gèthèk pamiliripun | sapraptane jawi radyan | wus ngancik ing gèthèk malih ||

18. panggih kulawangsanira | sami ngungun radèn dipun tangisi | pênyananira wus lampus | anèng sajroning toya | radèn angling lah uwis padha rahayu | ana pangrêksaning Suksma | marang sira lawan mami ||

19. ratune baya wus kalah | pan kajodhi lawan ingsun ajurit | kang dadi panungkulipun | iya Si Baurêksa | pajêg bajul siji-siji sabên taun | Ki Mas Mônca awotsêmbah | mêgatruh raosing galih ||

38. Mêgatruh

1. sigra milir kang gètèk sinôngga bajul | kawan dasa kang jagani | ing ngarsa kêlawan pungkur | tanapi ing kanan kering | kang gèthèk lampahnya alon ||

2. binuwangan wêlah lawan satangipun | Ki Wila lawan Wuragil | eca dènira pitêkur | prasami ngadhêp ing gusti | bakda ngisa praptèng Bêton ||

3. sirêp jalma wayahira praptèng Butuh | Radèn Jaka datan pangling | lamun babagan ing Butuh | arsa kèndêl sang apêkik | amangsit bajul kang gendhong ||

--- 1 : 198 ---

4. ponang gèthèk ginêdhog-gêdhog ping têlu | kang bajul samya miyarsi | ing wangsite sang abagus | anulya binêkta minggir | kang gèthèk nulya ginayot ||

5. mring Ki Wila Wuragil punika sampun | ing uwit putat lan sambi | akukuh ginayot ngêduk | samya arip padha guling | sêkawan sami kuwayon ||

6. samya eca nèng gèthèk dènira turu | Ki Gêdhe Butuh winarni | ing nalika têngah dalu | tumingal padhanging langit | ana gumêbyar mêncorong ||

7. ya ta kagèt ki gêdhe anulya mêtu | tiningalan pinggir kali | kadi wulan padhangipun | pan kadya wêtuning sasi | pinggir bêngawan mêncorong ||

8. sigra têdhak wau Ki Gêdhe ing Butuh | apa padhang-padhang iki | sun wêtara iki wahyu | nanging datan marang mami | kadi wahyuning kêprabon ||

9. prapta pinggir bêngawan Ki Agêng Butuh | wrin wong papat sami guling | nèng luhuring gèthèk iku | kang siji dipun ungkuli | cahya mancur ngulon-ulon ||

10. awêtawis saklapa lan tabonipun | Kyai Agêng Butuh angling | dene iki anak ingsun | dadak sare pinggir kali | ya ta ki gêdhe anguwoh ||

11. kulup kulup radèn tangia nak ingsun | alembon têmên aguling | asare nèng pinggir ranu | tan wruh dutane Hyang Widi | wahyu kraton wus ngalih gon ||

12. radèn kagyat angrungu ana wong nguwuh | ting garegah padha tangi | katingal Ki

--- 1 : 199 ---

Agêng Butuh | angadêg nèng pinggir kali | rahadèn sigra wotsinom ||

13. gya rinangkul pagenea anak ingsun | asare pinggiring kali | Rahadèn Jaka umatur | miwiti malah mêkasi | sêdaya ingkang lêlakon ||

14. Kyai Butuh miyarsa amanthuk-manthuk | iya radèn anak mami | pinarêng padha rahayu | aja sira walangati | wahyu apan wus ngalih gon ||

15. gya binêkta radyan marang wismanipun | sêmana lampahe prapti | Ki Gêdhe Ngêrang puniku | apan sampun dèn utusi | Ki Gêdhe Ngêrang têtakon ||

16. wus tinutur ing purwa wêkasanipun | Ki Buyut Ngêrang miyarsi | ngungun sokur ing Hyang Agung | cinatur satêngah sasi | dènira kèndêl ing Butoh ||

17. angandika wau Ki Gêdhe ing Butuh | iki wus lêga tyas mami | lah payo mangkata gupuh | mumpung ramanta sang aji | nèng Prawata lagya andon ||

18. nulya nêmbah rahadèn apamit sampun | ki agêng ngatêr nèng kali | lan Ki Buyut Ngêrang iku | wus numpak ing gèthèk malih | lajêng milir lampahnya lon ||

19. bajul saking kêdhung Srêngenge gumuruh | angayap ing gèthèk sami | kasukan pating galêbyur | samya suka tyasirèki | akathah dènnya bêbadhog ||

20. bajul ingkang kamarganan sami suguh | tatane pan kadya jalmi | singa kêdalanan suguh | kongkonane ratunèki | giliran bajul kang gendhong ||

21. kang giliri bajul ingkang

--- 1 : 200 ---

saking luhur | samya nganggur iring-iring | angiring ana ing pungkur | agilir samargi-margi | ya ta ingkang winiraos ||

22. ngalèr ngetan ngajênge bêngawan têmpur | kang gèthèk ginêdhok malih | bajul mirsa wangsitipun | anulya ginawa minggir | wus mêntas wau sang anom ||

23. tinatasan taline kang gèthèk sampun | mangsiti mring bajul malih | kêlamun karyane sampun | bajul prasami udani | ing sêmu ingkang mangkono ||

24. samya wangsul gumêrah bajul kang nungsung | wau ta rahadèn mantri | kèndêl sangandhaping bulu | ana wong babad marani | pan sarwi nyangking sêrotong ||

25. atêtanya wong papat kang padha ngaub | anak andika ing pundi | rahadèn aris sumaur | ing Dêmak manira iki | êndi margine kang anjog ||

26. marang gunung Prawata nulya umatur | angalèr ngilèn puniki | rahadèn lingira arum | paman gonmu babad iki | besuk yèn wis dadi dhukoh ||

27. aranana ing desa Tindak puniku | purwane sun tindak iki | saking bêngawan ragèngsun | jalma kang babad miyarsi | inggih prayogi sang anom ||

28. sigra lajêng ngalèr ngilèn lampahipun | wong papat tan ngambah margi | ngupaya maesa dhanu | dene kangjêng sri bupati | ambêrêg maesa andon ||

39. Durma

1. sampun prapta jajahan wukir Prawata | kèndêl wau sang pêkik | dene sampun cêlak | kêlawan pêsanggrahan | wong papat anèng wanadri [wana...]

--- 1 : 201 ---

[...dri] | ngluru maesa | andhanu kang prayogi ||

2. datan angsal wus dangu dènnya ngupaya | ya ta ana kaèksi | cinêkêl kang mesa | dhumatêng Ki Mas Mônca | maesa dhanu tan osik | wus linolohan | lêmah ing Banyuwilis ||

3. têtimbule ki buyut piwêlingira | dupi kalêbon siti | ambêkos janggirat | malêlêng kipat-kipat | gobag-gabig amucicil | lir singa lodra | gêbrès akirig-kirig ||

4. gya angithar minggah ing ardi Prawata | ing pasanggrahan prapti | ngamuk pêsanggrahan | anujah ngundha-undha | gidro-gidro ngobrak-abrik | gègèr puyêngan | kêbo ambilaèni ||

5. gya rinampog binêdhilan tan tumama | têguh kêpati-pati | akèh kapracondhang | para mantri ing Dêmak | kang sinundhang angêmasi | kang nora pasah | mati dèn uli-uli ||

6. pan gumuruh pêsanggrahan kapiyarsa | wus katur ing sang aji | kêbo ngamuk sura | tan pasah dening braja | kathah tiwas para mantri | wadya tamtama | samya dipun undhangi ||

7. wus saningga wadya prawira tamtama | samya kinèn ngêmbari | prapta umbul tiga | umangsah karo asta | langkung bramatya mawêrdi | kêbo cinandhak | êndhase dipun bithi ||

8. sabên-sabên wadya prawira tamtama | tan kongsi amindhoni | yèn nabok maesa | muncrat polone mêdal | sapunika tan ngundhili | malah sangsaya | galak ambijig-bijig [ambi...]

--- 1 : 202 ---

[...jig-bijig] ||

9. yèn dèn undha wadya prawira tamtama | kêna ing sungu nênggih | lêlambunge ika | gumadul nora pasah | ingundha tininggil-tinggil | sarira lupa | lêsu dèn uli-uli ||

10. tinulungan ganti-ganti kang umangsah | prasami dèn bijigi | nadyan ora pasah | sariranira lungkrah | tamtama nglêmpuruk sami | pating sulayah | sayah ginobag-gabig ||

11. sangsaya sru maesa pangamukira | ambêkos ngobrak-abrik | myang para dipatya | sayah ingundha-undha | binêrondong dening bêdhil | datan tumama | kadya wong bêdhil wêsi ||

12. kang maesa pan wus kaisèn timbulan | mring Buyut Banyuwilis | marmanya kalintang | têguh prakoswanira | sakèh mimis tan nêdhasi | timah myang waja | kabèh dadi gulali ||

13. Sultan Dêmak sigra minggah ing panggungan | apan arsa ningali | polahe maesa | kang sangêt karya tiga | waspada sri narapati | ngungun ing driya | tuhu ngebat-ebati ||

14. pan kinandhang kinêpung kinalang-kalang | singa tinêmpuh ngisis | sultan langkung duka | ya ta wau tumingal | wong papat samya ningali | kang anèng ngarsa | Rahadèn Jaka Tingkir ||

15. sri narendra asru dènira ngandika | Juru ika Si Tingkir | mara dhawuhana | tarinên sutaningwang | angêmbari kêbo iki | apa wania | yèn Si Tingkir nguwisi ||

16. ngong ngapura sadosane anak ingwang | sêmana amarêngi | lilih [li...]

--- 1 : 203 ---

[...lih] kangjêng sultan | Ki Juru Jêbad sigra | rahadèn dipun playoni | Mas Mônca mulat | Radèn Jaka jinawil ||

17. lah punika sampeyan pinalajêngan | rahadèn dhodhok aglis | Jêbad sampun prapta | dhawuhakên timbalan | anggèr dhawuhe sang aji | punapa dika | puruna angêmbari ||

18. pangamuke maesa ingkang kandhuhan | rahadèn matur aris | yèn wontên timbalan | nadyan inggih wêwaha | sèwu malih anglangkungi | kadi punika | praptèng pêjah tan gingsir ||

19. Jêbad Juru lumayu praptèng ngayunan | matur saha wotsari | pan putra paduka | pêjah gêsang sumôngga | gupuh ngandika sang aji | age nataba | kodhokngorèk dèn aglis ||

20. undhangana patih kang para dipatya | kang rame anyuraki | sigra dhinawuhan | sagung para dipatya | ngungkung kodhokngorèk muni | kêbo miyarsa | gêdrug janggirat tangi ||

21. sigra mangsah Radèn Jaka karo asta | maesa aningali | ambijig angundha | dangu maksih dèn uja | amrih sukane sang aji | ingundha-undha | radèn anganan ngering ||

22. surakira arame suwaranira | barung gamêlan muni | swara lir ampuwan | nata suka tumingal | dangu dèn undha sang pêkik | pan ora kêna | maesa dèn lumpati ||

23. tinadhahan rahadèn ingundha tiba | kapêlèsèd ing gigir | ngadêg tibanira | dèn candhak sungunira | kang maesa gobag-gabig [gobag-gabi...]

--- 1 : 204 ---

[...g] | anglumba-nglumba | kêbo tan bisa budi ||

24. dipun pancad gigire ponang maesa | radèn wus anêng wuri | buntute sinêndhal | dene ing asta kiwa | buntut jêbol ngolang-ngaling | anglumba-nglumba | mubêng asru bijigi ||

25. awurahan surake lor kidul wetan | kêbo numbuk ambijig | tinadhahan dhadha | dangu nulya cinandhak | binanting sitinya mijil | lêmah timbulan | kang saking Banyuwilis ||

26. wus anglumpruk maesa tan darbe polah | suka sri narapati | tuhu yèn prawira | Si Tingkir putraningwang | radèn sigra dèn timbali | wus praptèng ngarsa | nêmbah andhandhanggêndhis ||

40. Dhandhanggula

1. ingantukkên Radèn Jaka Tingkir | anglurahi prawira tamtama | sri narendra timbalane | patih sun arsa kundur | undhangana para dipati | myang wadya kulawôngsa | kya patih wotsantun | wus mêdal ngundhangi wadya | nulya jêngkar budhalan sri narapati | saking ardi Prawata ||

2. awurahan swarane kang dasih | langkung rame wus prapta nêgara | jêng sultan manjing kêdhaton | Rahadèn Jaka sampun | ingantukkên dalême lami | suka sakancanira | mangkana winuwus | Lêmbu Pêtêng Tarub ika | turunira tinutur lajêre singgih | Ki Agêng Tarub seda ||

3. Lêmbu Pêtêng wau kang gumanti | apêputra wau wastanira | Ki Gêtas Pêndhawa rane | Gêtas Pêndhawa sunu | Kyagêng Sela wastane singgih | langkung abêntur

--- 1 : 205 ---

tapa | nênêdha Hyang Agung | siyang dalu datan pêgat | wus kasosra prawira guna sinêkti | dibya amahambara ||

4. wus misuwur ing wong sanêgari | lan desa macapat môncalima | Ki Agêng Sela sêktine | kalanira rumuhun | nyêkêl gêlap padha sawiji | duk kala macul sawah | pramila misuwur | wus kalok kajana priya | duk sêmana ki agêng miyarsa warti | lamun Jêng Sultan Dêmak ||

5. amilihi pongwong prawira sêkti | pan kinarya prawira tamtama | ki agêng malbêt karsane | prapta ing Dêmak sampun | lajêng katur mring narapati | ya ta ingabên sigra | anèng alun-alun | lan banthèng sami satunggal | kalaganjur Kodhokngorèk munya atri | banthèng anêmpuh sigra ||

6. tinadhahan banthèng tinampiling | sirah pêcah polonira muncrat | Ki Agêng Sêsela mengo | milane mengo iku | ywa kongsi kacipratan gêtih | sang nata awas mulat | angandika arum | hèh patih sira pirsaa | kaya ngapa Ki Jêbèng Sela ing kapti | mengo nabok andaka ||

7. kyana patih mentar sampun panggih | Kyagêng Sela sampun pinariksa | ki agêng alon ature | milamba mengo wau | bokmênawi cipratan gêtih | nalika gêtih muncrat | kyana patih wangsul | wus prapta ngarsa sang nata | sampun katur sadaya aturirèki | sang nata angandika ||

8. jêbèng Sela balèkêna patih | nora klêbu prawira tamtama |

--- 1 : 206 ---

iku wong tipis atine | wêdi kêna ing marus | sri narendra kundur mring puri | patih dhawuhkên sigra | timbalan sang prabu | ya ta Ki Agêng Sêsela | sakêlangkung merange dene tinampik | lajêng kundur mring Sela ||

9. sampun prapta anèng dalêmnèki | wong Sêsela pinêpak sêdaya | sarta lawan gêgamane | wêtara kawan atus | lajêng budhal umangsah jurit | arsa ngrabasèng Dêmak | ciptanirèng kalbu | pan arsa angogèr tapa | gege môngsa pramila arsa ngayoni | ngandêlkên kadigdayan ||

10. Kyana Patih Wanasalam prapti | lajêng matur marang sri narendra | sang nata suka gujênge | patih undhangna gupuh | wadyaningsun ja na nadhahi | marang gêgaman Sela | dimèk prapta iku | jêbèng Sela ngarsaningwang | sigra miyos ing pagêlaran sang aji | lawan wadya tamtama ||

11. kawan atus pra tamtama sami | apan andhèr sami munggèng ngarsa | sêdaya sami rinante | pan amung sang aprabu | lênggah dhampar dèn ayap cèthi | sêkawan anèng ngarsa | lênggahnya mabukuh | sarwi angampil gandhewa | lan jêmparing kyana patih anèng ngarsi | parêk lawan sang nata ||

12. Kyagêng Sela kawarnaa singgih | ingkang nglurug dhumatêng ing Dêmak | lawan sawadyabalane | prapta jawi kitha wus | surak gumêr awanti-wanti | wong Dêmak datan mêdal | amapag ing pupuh | ya ta laju lampahira | Kyagêng Sela sabalane sami ngiring | ki agêng nitih kuda [ku...]

--- 1 : 207 ---

[...da] ||

13. tan adangu wadya Sela prapti | surak-surak sarta tabuhannya | ki agêng nèng ngarsa dhewe | nitih turôngga mungguh | mandhi lawung kudanya nyirig | prapta waringin kêmbar | sumbar-sumbar nguwuh | sang nata nyandhak gandhewa | jinêmparing andhêmane kuda kêni | nglumba lajêng palastra ||

14. Kyagêng Sela gya malumpat aglis | praptèng dharat nolih wadyanira | sampun gusis sêdayane | ki agêng gya lumayu | pan angguguk sri narapati | lah ta ujarku apa | jêbèng Sela iku | tipis atine tan panggah | ngandêlakên bisa nyêkêl gêlap mêngi | pêksa amutêr jagad ||

15. sapa wêruh ya ing buri-buri | luwih gaib karsane Hyang Suksma | nanging ta iku karêpe | pan durung mangsanipun | jêbèng Sela amutêr bumi | ya ta Ki Gêdhe Sela | sêmana wus rawuh | anèng ing dhusun Sêsela | anêrima takdiring Hyang Maha Suci | binantêr panêdhanya ||

16. Kyai Agêng Sêsela winarni | lagya pinarak anèng ing langgar | ingadhêp putra wayahe | ki agêng apitutur | marang putra wayahe sami | lah bocah sun pêpoyan | marang sira iku | kabèh padha pirsakêna | tutur ingsun dudu papan dudu tulis | pêpali aranira ||

17. pêpali iku apan bêrkati | tur sêlamêt sarta kuwarasan | pêpali iku mangkene | aja agawe angkuh | aja ladak lan aja jail | aja ati surakah | lan aja calimut | lan aja guru alêman | aja [a...]

--- 1 : 208 ---

[...ja] ladak wong ladak agêlis mati | lan aja manah ngiwa ||

18. aja saèn dèn idhêp ing isin | aja sira ngagungakên awak | wong urip iku bêcike | lan aja adol bagus | bagus iku dudu mas picis | lan dudu sêsandhangan | dudu rupa iku | wong bagus pakewuh uga | pêpadhane wong urip dèn padha asih | prak ati kang utama ||

19. aja sira mangeran mas picis | aja sira mangeran busana | ywa mangeran kabisane | aja mangeran ngèlmu | aja gunggung têguhirèki | aja mangeran japa | aja gunggung laku | kabèh iku singgahana | aja gugu ing ujar kang tanpa yêkti | lah iku dèn waspada ||

20. kang ajujur rahayu ing budi | aja sira ngarah kinèringan | bêcik saidhêpe dhewe | ewuhe wong tumuwuh | dèn abisa ngenaki ati | atine sapêpadha | aja ngumbar nêpsu | iku nêpsune manungsa | kudu kèdhêp mring sama-samaning jalmi | lah poma singgahana ||

21. aja sira padhakakên jalmi | amarentah marang sato kewan | kêbo sapi myang kudane | aja sira prih wêruh | endah uwong kang nora bangkit | aja kaya Ki Soma | kêbone pinukul | kinon sinau amaca | sami dene kêbo iki nora bangkit | mulane awêwuda ||

22. ayam ginusah yèn munggah ing pantiLebih satu suku kata: ayam ginusah yèn munggah panti | atanapi yèn nucuka bêras | iku ingadhangan bae | iku wong olèh sêmu |

--- 1 : 209 ---

wong têtôngga bêcike iki | kang layak ingaruhan | aruhana iku | yèn tan layak amênênga | apan iku mangan sêgane pribadi | pan dudu rayatira ||

23. yèn amuruk duryatira iki | kapenakna awake punika | larakêna ing atine | aja siya mêmuruk | warahana yèn durung sisip | yèn uwis katiwasan | aja sira tutuh | ilange iku dèn lila | aja sira sok angumpah-umpah kaki | lah poma lungguhana ||

24. aja gunggung wong asuka sugih | aja kêpingin wong kêkêdhotan | pangawasan apadene | lan aja anggêguru | ing wong urip pan ora bêcik | lan aja manah ngiwa | ala kang tinêmu | sing sapa atine ala | nora wurung ing têmbe iku nêmahi | ala anêmu ala ||

25. sapa ingkang dhasarakên bêcik | nora wurung benjang manggih arja | miwah saturun-turune | yèn kalakyan dadya gung | parentaha dèn ngati-ati | aja sêdaya-daya | dadi nora tulus | gone dadi pangauban | aja nacah yèn parentah mring wong cilik | aja sawiyah-wiyah ||

26. kumbah sarakah cukit andulit | sira aja amalantên warna | iku nora dadi gêdhe | sirikên ujar iku | yèn wong urip dèn anêngêri | apan sagone ana | trusing dalilipun | sêmune sampun kêtara | titènana kang ala lawan kang bêcik | kang jujur anèng cahya ||

27. bokmênawa kaki

--- 1 : 210 ---

ta ing benjing | kêlakona dadi pawong sanak | aja pati-pati dahwèn | lawan aja kumingsun | aja watak lêngus sumugih | aja amanah murka | aja mangun nêpsu | sokura lan panarima | ywa bêkiwit aja watak mêmetangi | yèn luput kawirangan ||

28. mulane wong aurip puniki | sêkathahe ywa ngadêlkên rosa | dèn kawruhana awake | nora beda sêdarum | sêkathahing umating nabi | kinarya lêlawanan | marang ingkang agung | kang sugih mêskin punika | kang agêdhe kêlawan ingkang acilik | kang bagus lan kang ala ||

29. wus pinêsthi takdiring Hyang Widi | ya mulane aja arêrasan | wong ngina panacad gêdhe | gêmpal dêrajatipun | lawan batal tapanirèki | lah padha estokêna | ing pitutur ingsun | yèn sira emut ing wêkas | yêktènana iku têtalining urip | têranging lampahira ||

30. lamun wêngi ya ta sira kaki | kacêgaha mangan nendranira | lamun ing raina mangke | cêgahên pangan iku | lamun sira tan cêgah kaki | ing turu panganira | dadi nora antuk | anggènira anênêdha | mring Hyang Suksma dadi lawas nora eling | wêkasan awèt tapa ||

31. lamun sira dinadèkkên sugih | mring Hyang Suksma ginanjar ing dunya | têrusêna tan tapane | mênawa durung usum | pan pinundhut ing dalêm pati | yèn sira dadi wirya | dèn narima iku | saking kodrat takdiring Hyang |

--- 1 : 211 ---

aja pêgat pujinira ing Hyang Widi | sarta sira tapaa ||

32. uwong ingkang tan prihatin dhingin | iya ingkang gayuh-gayuh tuna | ing sandhang lawan pangane | lampahipun andarung | sakêlangkung amêsu ragi | sangêt asru nastapa | saya nora antuk | osiking tyas pan mangkana | wiyosipun angraosi kang wus mati | tan wruh ing takdirira ||

33. yêktènana ing pitutur mami | anggènira urip anèng dunya | sira raha sabêcike | aja sira katungkul | ing raina kêlawan wêngi | padha dipun prayitna | wong urip puniku | upamane awakira | manglong-manglong anèng jurang ingkang miring | yèn tiba dadi lara ||

34. nadyan sira uwus anglampahi | cêgah turu lawan panganira | yèn tan têrus ing batine | tapanira dèn têrus | lairira kêlawan batin | sabar lawan dêrana | tapa lawan ngèlmu | upamane wong lumampah | yèn apêtêng kudu gawa obor kaki | dadi tan nunjang-nunjungGuru lagu seharusnya 7a: dadi tan nunjang-nunjang ||

35. kang minôngka oborira kaki | duga-duga kêlawan prayoga | iku dadi obor gêdhe | têgêse obor iku | sadurunge angati-ati | têgêse aprayoga | yèn uwis alungguh | sênajan sira ngucapa | aja tinggal dêdugi lawan prayogi | supaya manggih arja ||

36. yèn lumampah aja nacad margi | yèn alèrèn ja nacad panggonan | lan aja nacad lungguhe | aywa nêrak garumbul | grumbul iku gone bilai [bila...]

--- 1 : 212 ---

[... i] | iku sira latana | poma dèn katêmu | yèn wis nêmu tutur ika | lakonana yèn sira nêmu bilai | tutuhên sliranira ||

37. kaanane marga maring iki | karyanira lan karyèng wong kathah | wêruha beda-bedane | wong angèl gampang iku | upamane marga kang sungil | lan dirga drêjêg padhang | supit angèl iku | rakêta marang sêsanak | adoh pêdhak rakêtira dèn asami | rangkêpana prayitna ||

38. kaananing atinira iki | atining wong sanak pêkênira | kawruhana sasêmone | wong kêrêng sabar iku | upamane panasing api | lawan adhêming toya | bêntèr lawan mêndhung | ana bêcik ana ala | wong sêsanak aja pêgat ngati-ati | wêkasan aprayitna ||

39. kaanane lungguhira iki | pan jênênge wong tuwa kang bisa | amomonga ing anake | wong kang tan bisa iku | upamane ênênging ati | lan kang ladhok ingômba | ywa gerang ta iku | yèn wong baud angawula | kumawula aja sira lali-lali | wêdi lan prayitnaa ||

40. sêkathahe sanak-sanak mami | pirsakêna tutur sêsêmonan | dèn sami wikan karsane | aja suka gumuyu | graitanên sajroning ati | yèn dhangan suka wirya | ujarèki sêmu | têmên tutupên sêmbrana | upamane kadhung lawan aling-aling | aja lali prayitna ||

41. kaya ngapa raganingsun iki | lamun ora duwea panrima | pêpêsthène wis mangkene [mangke...]

--- 1 : 213 ---

[...ne] | ing ngêndi gon sun ngluru | kana-kene titahing Widi | mumbula ing akasa | nêrus langit pitu | môngsa bisa bêdhahêna | ing kuthane kang ana kodrat ajali | mundhak kasurang-surang ||

42. kunêng kangjêng sultan kang winarni | arsa pêpara mring Kalijaga | sarta mondhongi karsane | dhumatêng sang pilungguh | Kalijaga sang maha yêkti | samêkta saha bala | budhal sang aprabu | wêtara wong tigang lêksa | kang umiring sêdaya para dipati | busana warna-warna ||

43. anglir sêkar sêtaman kaèksi | sri bupati anitih dipôngga | pan sampun lêpas lampahe | ing marga tan winuwus | ing Carêbon pan sampun prapti | ing dhukuh Kalijaga | wus panggih sang wiku | sultan mangaras suku sang | mangusapi ing lêbu sri narapati | mangrêpa aturira ||

44. binoyongan mring Dêmak nêgari | tan lênggana wau sang pandhita | nalika pasugatane | printahing pra wadya gung | sami ngadhêp ambêng pribadi | para dipati samya | punggawa gung-agung | lurah pêkathik sêdaya | kang sinuwun angliwêt amung sakêndhil | kêndhil Siyêm arannya ||

45. bêkta solèt dhatêng sang ayogi | ngêdhuk liwêt ing ngarêpanira | pra dipati dhewe-dhewe | miwah sawadyanipun | datan têlas liwêt sakêndhil | tuwuk wong tigang lêksa | pan maksih kinêdhuk | parandene datan têlas | kramatira anênggih sang maha yêkti | langkung nikmating raga ||

46. sampun kering wau sang ayogi | praptèng [pra...]

--- 1 : 214 ---

[...ptèng] Dêmak ingaturan papan | singa kang dèn karsakake | amilih Kadilangu | dhukuh ingkang awon pribadi | kang bêcik datan arsa | milih Kadilangu | ya ta ingkang kawarnaa | sri natendra apan nênêm putranèki | ingkang sêpuh wanodya ||

47. krama angsal Kyai Langgar singgih | putranira Kyai Agêng Sampang | panênggak jalu wastane | Pangeran Arya Bagus | nuntên arinira pawèstri | krama angsal Pangeran | Kalinyamat iku | ya ta ingkang kawarnaa | èstri malih aran Ratu Kambang singgih | warnanira yu endah ||

48. èstri malih pinanggihkên singgih | lawan Radèn Jaka Tingkir mangkya | tinanêm ing Pajang mangke | warujunira jalu | pinaraban dene sang aji | Dèn Mas Timur punika | warnanira bagus | kang rayi jalu jêng sultan | Pangran Seda ing Kali putra sawiji | aran Arya Pênangsang ||

49. wus tinanêm ing Jipang nêgari | aran Arya Pênangsang ing Jipang | ing Pajang kang winiraos | ing kidul kilèn Butuh | binabadan sawetan Pêngging | ingkang kinarya kutha | kathah kang tut pungkur | wus dadya nêgara arja | duk sêmana Jêng Sultan Dêmak ngêmasi | ing Pajang madêg nata ||

50. sinêngkalan adêging nêrpati | sarêng lawan sedane jêng sultan | tri lunga mônca bumineSengkalan: tri lunga mônca bumine (1503 A.J.). | putra Dêmak winuwus | wus tinanêm dipati mukmin | nami Sunan Prawata | putra kang waruju | wus binêkta marang Pajang | gya tinanêm anèng Madiun nêgari | ya ta kang cinarita ||

51. pusaka [pu...]

--- 1 : 215 ---

[...saka] Dêmak wus dipun bêktaniLebih satu suku kata: pusaka Dêmak dipun bêktani | marang Pajang tan ana suwala | sami ajrih digdayane | pinêsthi gênti pulung | suyud kabèh para dipati | dene Ki Mas Amônca | kya patih jêjuluk | Tumênggung Môncanêgara | ababêngkok salêksa nêm èwu mukti | Wuragil lan Ki Wila ||

52. pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila aran Wilamarta | gangsal èwu pilênggahe | Ki Buyut Banyubiru | apan tulus pinundhi-pundhi | apan Buyut Majasta | tulus pinisêpuh | Ki Gêdhe Butuh sêmana | putranira dadi sêntananing aji | lawan jinunjung nama ||

53. Pangran Wanèngpati tuhu pêkik | sampun dadya nêgari ing Pajang | arja wingit kêratone | kutha kêkojor pêngkuh | arja bagus wingit rêspati | sakèthènge majupat | pasange manguntur | ginapura kutha gora | pinalatar amunggul panggungnya asri | kutha Pajang rakitnya ||

54. ya ta ingkang winurcita malih | putranira Kyai Agêng Sela | lan Ki Agêng Ênis mangke | Pênjawi wastanipun | asuwita ing Pajang sami | samya ingakên kadang | sarta tunggil guru | mring Jêng Sunan Kalijaga | pan Ki Ênis kinarya pradikan nênggih | marang Jêng Sultan Pajang ||

55. sinung dhukuh ing Laweyan nênggih | pan anama Ki Gêdhe Laweyan | sinêpuh-sêpuh wong akèh | kêkalih putranipun | sami jalu pupon satunggil | kadange naking-sanak | ingkang asêsunu | Ki Agêng Ngêrang pamannya | alit mila kinadang-kadang sayêkti | kêlawan putranira ||

--- 1 : 216 ---

56. ingkang nama Rahadèn Pênjawi | kakang adhi lan Ki Pêmanahan | Ki Agêng Sela putrane | antuk ngawulanipun | marang kangjêng sri narapati | dèn andêlakên prana | pinarcayèng kewuh | kinarya lurah tamtama | karo pisan asisihan Ki Pênjawi | lawan Ki Pêmanahan ||

57. karo samya kinanthi ngajurit | Ki Pênjawi lawan Pêmanahan | anglurahi tamtamane | angrèh wong kawan atus | pêpilihan wong olah wèsthi | ingandêlakên prana | mangkana winuwus | Ki Pêmanahan pêputra | pêmbajênge Dyan Mas Danang ingkang nami | pinundhut mring sang nata ||

58. pan kinarya jalaran sang aji | dene sang nata dèrèng pêputra | Mas Danang kinarsakake | putranira pêmbayun | Radèn Bagus idhêpirèki | supe ing yayah rena | nadyan rama ibu | anggêpira ambêndara | sawab dene putrane sri narapati | kogung rinaja-raja ||

59. sinung êmban sinongsongan kuning | sakêlangkung sang nata sihira | kadya putranira dhewe | wontên malih winuwus | Pangran Jipang ingkang winarni | nênggih Arya Pênangsang | agêng galihipun | lumuh seba marang Pajang | Sunan Kudus nênggih ingkang dèn guroni | ginubêl ing prakara ||

60. kêrêp anèng ing Kudus nêgari | arang anèng nêgari ing Jipang | saking susahe galihe | kêkuwu anèng Kudus | dènnya amrih madêg nêrpati | amêngku tanah Jawa | sangêt aturipun | nora sortah asebaa [aseba...]

--- 1 : 217 ---

[...a] | marang ratu bèbète wong tani pêngging | tan sudi ngawulaa ||

61. wani angrok bôndawala pati | takêr marus têpung pupu jôngga | kêncêng otot liru kanthèt | angadu tosing balung | akantaran bau liru kris | Sunan Kudus ngandika | aja gege laku | Ki Jêbèng Pajang digdaya | dèn adhêmit solah muna lawan muni | aja juwarèh liyan ||

62. balik ana wong ngalapdho iki | ing pangawruh mungguh kaya sira | ki jèbêng apa ukume | Pangran Jipang umatur | ukumipun dipun pêjahi | balik sintên punika | dhawuh tuwan wau | Sunan Kudus angandika | iya rane kakangira Prawatèki | amaro pêtakonan ||

63. Pangran Jipang sigra awotsari | inggih gampil kêlamun mangkana | pun kakang Prawata mangke | Pangeran Jipang wau | kundur marang pakuwonnèki | nimbali kajinêman | kang nama pun Rangkud | hèh ta Rangkud lumakua | ya cidranên kakang Prawata dèn mati | pun Rangkud amit nêmbah ||

64. binêktanan dhuwung marang gusti | Pangran Arya Pênangsang ing Jipang | Ki Rangkud prapta lampahe | ing dhukuh Prawatèku | Jêng Susunan Prawata lagi | lênggah sêsèndhèn garwa | Ki Rangkud duk rawuh | Sunan Prawata ngandika | apa karya Rangkud sira praptèng ngriki | Ki Rangkud aturira ||

65. amba kinèn arinta sang pêkik | kinêrsakkên anyidra paduka | Sunan Prawata sabdane | lah payo age Rangkud | nanging aja ngèmbèt-èmbèti [ngèmbè...]

--- 1 : 218 ---

[...t-èmbèti] | marang garwa manira | Ki Rangkud anuwun | sigra jaja linarihan | kawatgata anrus ing garwanirèki | anjrit asru karuna ||

66. Sunan Prawata angandika arisLebih satu suku kata: Sunan Prawata ngandika aris | hèh ta Rangkud ya pagene cidra | garwa manira kaèmbèt | sigra sinawat dhuwung | Kyai Bêthok ingkang kinardi | Rangkud kêna tungkaknya | kêmbang kacangipun | Ki Rangkud niba palastra | niba Bêthok gowèng kêmbang kacang kêdhik | Sunan Prawata seda ||

67. apan sarêng kêlawan kang rayi | nanging tilar kang putra têtiga | ingkang kalih priya mangke | èstri warujunipun | ingkang rayi ika miyarsi | Ratu Mas Kalinyamat | marang Prawata wus | têtilare ingkang raka | putra alit binêkta marang kang bibi | Ratu Mas Kalinyamat ||

68. nêdha ukum mring Kudus nêgari | dene patine kadangnya tuwa | Sunan Prawata sedane | kalawan lakinipun | Sunan Kalinyamat tut wuri | wus prapta ngarsanira | Jêng Susunan Kudus | kèndêl datan angandika | ya ta ajrih Pangran Kalinyamat mulih | binegal anèng marga ||

69. mring utusan Pangran Jipang mantri | Sunan Kalinyamat kapêrjaya | sampun pralaya layone | sinarèkakên wau | ingkang rayi langkung prihatin | kêpatèn kadang tuwa | nuli lakinipun | tanbuh raosing wêrdaya | gla anglampus minta ukuming Hyang Widi | kapungkur dhahar nendra ||

41. Pangkur

1. Nimas Ratu Kalinyamat | tilar wisma

--- 1 : 219 ---

mêrtapa anèng wukir | tapa wuda sinjang rambut | nèng wukir Danaraja | apratignya nora tapih-tapih ingsun | yèn tan ana adiling Hyang | ukume sadulur mami ||

2. kapindhone lakiningwang | iya dene Si Jipang kang matèni | yèn ora kêlakon lampus | si bêthuh Arya Jipang | ênêngêna gêntia ingkang winuwus | Pangeran Arya Pênangsang | kajinêmane satunggil ||

3. kêlangkung prawiranira | agal alit tan ana dèn wêgahi | cinatur jinêman wau | dhasar wong tautatal | asring kinèn akarya randhaning satru | kêkês bupati bang wetan | dene wong papat sinêkti ||

4. Pangeran Jipang ngandika | mring wong papat kang sami dèn kasihi | kabèh sun jaluk gawemu | padha lakua dhustha | lah cidranên Sultan Pajang dipun lampus | yèn kêlakon gawenira | papat sun karya bupati ||

5. Si Setan Kobêr tamakna | amit nêmbah dhuwung dipun tampèni | winanti-wanti duta wus | mêsat sêkawan pisan | tan kawarna lampahe sêkawan rawuh | sêjawine kutha Pajang | amomor duk kala manjing ||

6. wus prapta sajroning pura | kawarnaa lêbune duta singgih | apan wanci têngah dalu | malumpat pagêr bata | panjingira anèng sajroning kêdhatun | maling sêkti papat pisan | wus prapta prasami dingkik ||

7. kang kêmit tan ana wikan | panjingira maling padha sinêkti | wus angrampit dalêm agung | pasareane Sultan | kang sawiji nèng jawi [ja...]

--- 1 : 220 ---

[...wi] rumêksèng kewuh | kang tiga mring pêsarean | sêsirêpe langkung mandi ||

8. tinarima sikirira | istijrade dinuta marang gusti | salampahira lêstantun | miwah sêsirêpira | wus tumama kang kêmit sêdaya turu | tan ana èngêt drigama | anjêjêp katiga sami ||

9. marêngi sang nata nendra | nanging dèrèng kêpati dènnya guling | dadya amor api turu | wau ta ponang duta | momor cèthi anganti kêpatinipun | ing sarene sri narendra | nêngêna ingkang winarni ||

10. Pênjawi lan Pêmanahan | samya nganglang kuwatir ing jro puri | lêlurah kalih tyasipun | kêlangkung mêlang-mêlang | cipta ana ingkang mara sandu rawuh | ananjak karti sampeka | mangendrajala sinêkti ||

11. caraka pandung lampahnya | wus malumpat bata ing dalêm puri | Pêmanahan asru muwus | hèh adhi dèn prayitna | saya bangêt yayi marase tyas ingsun | kadya wus kalêbon dhustha | ngong duga sajroning puri ||

12. Ki Pênjawi saurira | inggih kakang kawula sami ugi | yayi dèn prayitnèng kewuh | pêsthi maling utama | pratandhane bênce têka klawan tuhu | payo dingkik pasarean | mêtu ngulon-ulonnèki ||

13. kêkalih pan sarêng mara | kawarnaa maling papat wus manjing | jêjêk siti kaping têlu | sultan kêpati nendra | sarêng jangkah sultan sare gya sinuduk | asangêt panggoconira | wong têtiga wanti-wanti ||

14. kêsangsang [kêsang...]

--- 1 : 221 ---

[...sang] kêmul kewala | eca sare sang nata dèn suduki | lir lalêr mencok nèng kêmul | ya ta garwane sultan | wungu sare miyat sultan nyananipun | kang raka sampun palastra | tan wruh lamun eca guling ||

15. kagyat Kangjêng Sultan Pajang | wungu sare kêmul binuwang aglis | ngêbyuki maling katêlu | ambyuk katêlu pisan | datan ana darbe karkat wong katêlu | katiga luntak ludira | gêrêng-gêrêng ting karêmpis ||

16. maling kang siji nèng jaba | mirsa jêro gumêr pating karêmpis | tumindak arsa têtulung | tinubruk saking wuntat | wus kacêkêl ngaroncal tan bisa ucul | lajêng malêbêt kalihnya | atêtulung gawa maling ||

17. kangjêng sultan sampun lênggah | aningali Pêmanahan Pênjawi | andika wakane sokur | karone inggal prapta | takonana maling kang nyidra maring sun | Ki Pênjawi Pêmanahan | maling sigra dèn takoni ||

18. kang dhustha matur bêlaka | sami matur lampahipun tinuding | dinangu wismane pandung | kêlamun duta Jipang | Singaprana Jagasatru Jayèngkewuh | sawiji pun Kartajaya | ngungun sang nata nabda ris ||

19. ki raka padha wêtokna | sun apura kabèh iku si maling | iku darma wong ingutus | poma ja na kang wikan | apan sampun ginanjar wong papat iku | ing êmas nyêkati sowang | ja wêruh ing para mantri ||

20. wus sami binêkta mêdal | mari lumpuh tobat sarta ngabêkti | Setan Kobêr dhuwungipun [dhuwungipu...]

--- 1 : 222 ---

[...n] | ingaturakên sigra | iya maring Pêmanahan wêdalipun | minôngka wadal waluya | bok pinindho anèng jawi ||

21. sapraptanira ing jaba | lajêng pamit maling sêkawan sami | ing marga datan cinatur | nagri Jipang wus prapta | matur tiwas sasolahira ingutus | Pangeran Jipang ngandika | iya luput saking mami ||

22. umatur duta sêkawan | nagri Pajang kêlangkung saking wêrit | sêdalu tan sagêd masuk | malah praptèng raina | tan katingal nêgari katingal laut | kêlangkung kewran ing manah | Pangeran Jipang lingnya ris ||

23. sun dhewe besuk tumandang | ênêngêna Jipang Pajang winarni | saya wuwuh arjanipun | murah sandhang lan pangan | wong têtanèn prasami eca nênandur | tan ana wong doracara | sri nata ingkang winarni ||

42. Sinom

1. ya ta sampun lama-lama | kocapa sri narapati | Sultan Pajang wus pêputra | sêkawan kathahe singgih | sêdaya putranèki | alanjaran radèn bagus | wanodya kang têtiga | kang priya sawiji pêkik | pêmbajênge Ratu Mas Pêmbayun nama ||

2. anuli Ratu Mas Malad | nulya sumêndhine malih | jalu Pangeran Bênawa | wuragilipun pawèstri | Rêtna Sêkaring Puri | nanging maksih sami timur | radèn bagus diwasa | pan sampun jinunjung linggih | nama Radèn Ngabèi Saloring Pasar ||

3. ya ta ingkang kawarnaa | wus lami dènira mikir | Pangeran Jipang sêmana | sikêp kêpraboning jurit [ju...]

--- 1 : 223 ---

[...rit] | mentar saking nêgari | saos dhatêng Sunan Kudus | karsanira yun mêksa | ngrabasèng Pajang nêgari | sakêlangkung lumuh dènnya kaparentah ||

4. prapta lajêng asiwaka | lajêng matur ing sang yogi | putra paduka ing Pajang | timbalana dipun aglis | amba arsa ngayoni | ing kasap kêlawan lêmbut | singa ingkang tiwasa | mila paduka timbali | sêngadia pagunêman ngèlmu rasa ||

5. asangêt atur kawula | Jêng Sunan Kudus nuruti | sigra mêsat kang dinuta | mundhi srate sang ayogi | datan kawarnèng margi | ing Pajang pan sampun rawuh | gya katur ing sang nata | lamun wontên duta prapti | saking Kudus sang nata lagya sineba ||

6. aglar kang mantri punggawa | satriya lan pra dipati | busanane warna-warna | kadya diwangkara mijil | lir pendah gunung gêni | ambêranang yèn dinulu | sagung para dipatya | sang nata munggèng sitinggil | atap andhèr asri ingkang upacara ||

7. dènnya pinarak sang nata | munggèng padmasana rukmi | arja babut lèmèkira | sinulam toya mas adi | kang munggèng ngarsa aji | banyak dhalang lan kêkacu | kidang mas ardawlika | banyak dhalang sawunggaling | pêdhang tamsir sênjata jêpun nèng ngarsa ||

8. wadya jro gêdhong kêparak | ingkang wontên ing sitinggil | Kya Patih Môncanêgara | miwah sagung pra dipati | satriya para mantri | jêjêl anèng alun-alun | kadya sêkar sêtaman | sinawang kêlangkung asri | Kyana Patih Môncanêgara [Môncanê...]

--- 1 : 224 ---

[...gara] ngandikan ||

9. minggah marang sitibêntar | ngaturakên duta prapti | saking ing Kudus nêgara | sêrat katur ing sang aji | sinuksma ing jro galih | surasane sêrat katur | jêngkar dènnya siwaka | angêdhaton sri bupati | praptèng pura pinarak lan para garwa ||

10. atap munggèng maderêtna | ninbalinimbali rêkyana patih | Ki Wuragil Wilamarta | Ki Pêmanahan Pênjawi | cèthi prapta ing jawi | gandhèk kang dinuta mêtu | kalima ingandikan | wus prapta ing dalêm puri | pan sêdaya alênggah byantarèng nata ||

11. muka lir konjêm pratala | ngandika sri narapati | hèh ta patih kaya ngapa | surate sang maha yêkti | manira dèn timbali | ingajak gunêman ngèlmu | anggalih ngèlmu rasa | sira ngundhangana dasih | ya ta kyana patih alon aturira ||

12. pukulun sri naranata | punika anyalawadi | mênggah wêtawis kawula | datan sakeca dewaji | ingkang srat ulun dugi | tunggilipun pandung dalu | botên kenging linamban | sênadyan tindak sang aji | sampun tungkul kêprabon sikêping yuda ||

13. sang nata kèndêl sêkala | ing driya ginalih-galih | wusana alon ngandika | paran rêmbugira sami | Pêmanahan wotsari | atur kawula pukulun | kados lamun mangkana | dhuh gusti sêrat kang prapti | botên sanès inggih saking Arya Jipang ||

14. sri narendra lon ngandika | lamun lumakua mami | samêkta kêpraboning prang | sayêkti

--- 1 : 225 ---

ngowah-owahi | têmah ngagèt-agèti | dadi kanisthaning ratu | Pêmanahan tur sêmbah | lampah dadya kaping kalih | jêng paduka rumiyina lêlancaran ||

15. bêktaa uwos kewala | sampun mawi bêkta mênir | abdi dalêm jro sêdaya | pinêthil ingkang prayogi | sampun amawi mênir | mungna kuda kawan atus | katingal lêlancaran | ngandikan dhatêng sang yogi | kados botên lamun ngantos kagraitan ||

16. rêkyana patih nèng wuntat | nindhihana pra dipati | sawadyanya sowang-sowang | lan kagungan dalêm èsthi | sarênga lan ki patih | kêprabon lampahing ratu | marêngi aturira | lah kakang inggih prayogi | aja suwe payo padha sadhiyaa ||

17. wus mêdal rêkyana patya | nimbali para dipati | sang nata sampun busana | sakêpraboning ajurit | kang wadya wus miranti | ingkang sarêng kawan atus | têtindhihirèng lampah | Pêmanahan lan Pênjawi | ya ta Radèn Ngabèi Saloring Pasar ||

18. tan têbah lawan jêng sultan | Pêmanahan lan Pênjawi | sigra budhal sri narendra | duta ing Kudus kinanthi | sigra dènnya lumaris | wadya kuda kawan atus | ing marga tan winarna | prapta ing Kudus nêgari | duta kinèn malêbêt atur uninga ||

19. kèndêl ing paseban jaba | ing Pajang Sri Narapati | rakite wadya atata | sêdaya prayitnèng batin | Pêmanahan Pênjawi | kanan kering wêntis prabu | dene kang anèng ngarsa | ing kanan [kana...]

--- 1 : 226 ---

[...n] ragi kapering | Dyan Ngabèi Saloring Pasar tan têbah ||

20. angampil dhuwung carigan | tamtama atap nèng wuri | duta ing Kudus sêmana | dumrojog manjing ing puri | prapta ngarsa sang yogi | Sunan Kudus nuju lungguh | kêlawan Arya Jipang | duta matur awotsari | putra dalêm ing Pajang pan sampun prapta ||

21. kèndêl ing pasowan jaba | tan mawi bêkta wadya lit | saking gugup tinimbalan | upacara datan mawi | kêpraboning nêrpati | sêdaya tinilar pungkur | mèsêm Arya Pênangsang | atur sêmbah sigra mijil | praptèng jawi ningsêti paningsêtira ||

22. ciptanira ing wardaya | ing Pajang Sri Narapati | arsa ginoco ing mangkya | lawan dhuwunge pribadi | prapta paseban panggih | ya ta sêsalaman sampun | Arya Jipang turira | kakang mas sami bêsuki | wontên karsa prapta ing Kudus nêgara ||

23. yayi mas laku manira | tinimbalan ing sang yogi | milane pun kakang gêpah | tan nganti gawa wadya lit | kinarsan rêmbug ngèlmi | pramila manira gupuh | datan anggawa bala | miwah kêprabon nêrpati | ya ta mèsêm Ki Arya Jipang lingira ||

24. kang tuwan wangking punika | kakang mas dhuwung kang pundi | kawula arsa uninga | Sultan Pajang têka gampil | sinungkên kang sawiji | kang sawiji maksih kantun | tinampan mring ki arya | kang dhuwung lajêng tinarik | lah kakang mas punapa mandi punika ||

25. Ki Pênjawi Pêmanahan | sarwi nyikut dhuwungnèki | sarta mangsit dhatêng [dha...]

--- 1 : 227 ---

[...têng] sultan | wêntise jinawil-jawil | kangjêng sultan gya narik | cêcothène Ki Carubuk | sarwi lon angandika | adhi tan kadi puniki | pun Carubuk ampuhe kagila-gila ||

26. Ngabèi Saloring Pasar | dhuwunge pinipit-pipit | netrane kumêdhèp tismak | Pêmanahan lan Pênjawi | sami prayitnèng wèsthi | dhuwunge tansah sinikut | miwah wadya tamtama | prasami prayitnèng wèsthi | ciptanira sêdaya sarêng pralaya ||

27. kari gêcose kewala | Sunan Kudus sigra prapti | lah ta iki kadar apa | wong agung padha bêlantik | age sarungna kalih | saru tiningalan iku | sinarungakên nulya | Pangran Jipang angling aris | mèh saêmèh gon ingsun agawe rôndha ||

28. Sultan Pajang angandika | dene ta kurang sathithik | sun awèh pakaning gagak | wau Radèn Angabèi | Loring Pasar miyarsi | ana aja salah dudu | wiwit dènnya graita | pan sarwi amandêng liring | kang pinandêng sasolahe Arya Jipang ||

29. rêngu ciptane mangkana | kagila-gila wong iki | kaya ta lêlanang jagat | arêp ngayoni kiyai | dhuh-adhuh tak tandangi | yèn dèn ajanana ingsun | Sunan Kudus ngandika | lah uwis padha dèn aris | aja ana micara kang ora-ora ||

30. balik payo pagunêman | ing ngèlmu rasa puniki | mumpung pêpak pra dipatya | anulya saosan mijil | ya ta dhaharan sami [sa...]

--- 1 : 228 ---

[...mi] | nèng ngarsane sang awiku | ambênge sowang-sowang | sawusnya linorod sami | ya ta lajêng binage ing wadyanira ||

31. tan antara dangunira | luwaran makuwon sami | ya ta ingkang kawarnaa | praptane Rêkyana Patih | Môncanêgara singgih | lan mantri punggawa agung | sêntana sinang arya | nusul ing wuri gung prapti | tigang lêksa kang gêgaman kathahira ||

32. kêjawi para dipatya | môncanêgara pasisir | gumêrah tanpa wilangan | mangkana sri narapati | pakuwonira ngalih | bumi Bintara rinêngkuh | ing dhusun Pajimatan | lor wetan kutha gonnèki | ambêlabar pakuwone wadya Pajang ||

33. wongira Ki Pêmanahan | sêntana Sêsela prapti | apan sampun winangsitan | sadhiya gêgaman jurit | ya ta sri narapati | ing Pajang têtuwi gupuh | mring wukir Danaraja | Pêmanahan datan kari | ing pêrnahe mangun tapa ingkang raka ||

34. anèng wukir Danaraja | datan kawarna ing margi | prapta wukir Danaraja | kang raka dènnya manggihi | êlêt gubah sakêlir | apan maksih sinjang rambut | kang rayi aturira | kakang bok sinjanga aglis | Nimas Ratu Kalinyamat angandika ||

35. manira tan arsa sinjang | yèn durung ana nyanggupi | matèni Si Arya Jipang | praptaa kiyamat yayi | kang rayi matur aris | kawula ingkang sumanggup | kakang bok asinjanga | kawula ingkang nyanggupi | dipun inggal kundura mring Kalinyamat ||

36. Nimas Ratu

--- 1 : 229 ---

Kalinyamat | ngandika marang kang rayi | sira kang akon maringwang | sayêkti manira tapih | nanging ta ujar mami | dèn kêlakon yayi tuhu | kang raka nulya sinjang | kang rayi sigra wotsari | Ki Pênjawi Pêmanahan awotsêkar ||

37. mojar Ratu Kalinyamat | yèn ingsun sira prih mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | yèn ora Si Pênjawi | Pêmanahan ingsun jaluk | ngatêrna marang ingwang | sang nata ngandika aris | lah ki raka kang tuwa sira dhèrèkna ||

38. sigra kundur Sri Narendra | Pêmanahan ingkang kari | angatêr mring Kalinyamat | lampahira sampun prapti | ya ta kang saking wukir | ing Kalinyamat wus rawuh | samya apagunêman | Pêmanahan kang tinari | dhatêng nimas ratu ingkang agung brôngta ||

43. Asmaradana

1. lah yayi sira sun tari | amrih nuli kêlakona | ubayane yayi katong | bokmênawa dilêlawas | priye pênagih ingwang | kayaparan polah ingsun | pakewuh pênagih ingwang ||

2. Pêmanahan aturnya ris | mênawi parênging karsa | amrih inggal kêlakone | pêjahipun Arya Jipang | inggih gampil kewala | apan wontên saratipun | wantune rayi paduka ||

3. inggih ing dintên puniki | rayi dalêm aturana | paduka masang wong wadon | warnanipun ingkang pelak | kang ngungkuli wong kathah | angadhanga anèng pintu | sakêdhap nuntên ngicala ||

4. yèn sang nata [na...]

--- 1 : 230 ---

[...ta] aningali | dhatêng wanodya kang endah | watak arinta sang katong | sayêkti sami sêkala | mêdal saguhanira | sênadyan agêmpur gunung | angêsatêna samodra ||

5. sayêkti kêlakon nuli | tangkêpa sakêthi ngarsa | salêksa kanan keringe | pêsthi lamun sinaguhan | dhatêng rayi paduka | lajêng angawaki pupuh | amêngsah pun Arya Jipang ||

6. utawi punika nuding | mring mantri punggawanira | lumampah lan ganjarane | sang rêtna lêga tyasira | pan sarwi angandika | iya yayi duwe ingsun | wanodya kang luwih endah ||

7. abênêr rèhira yayi | sira yayi ingsun ganjar | li-ali mirah ta kiye | aran si mênjangan abang | mapan iki wasiyat | Pêmanahan nêmbah matur | nuwun sampun tinampanan ||

8. sira yayi ingsun tuding | yayi prabu aturana | mring Kalinyamat ing kene | lèngsèr prapta pêsanggrahan | tumamèng ngabyantara | umatur wawêlingipun | Nimas Ratu Kalinyamat ||

9. Sultan Pajang angling aris | lah iya kakang ing benjang | dhasar niyat ingsun dhewe | mring Kalinyamat laminya | tigang dina laminya | enjing mangkat sang aprabu | datan kawarna ing marga ||

10. ing Kalinyamat wus prapti | nimas ratu wus amasang | wanodya anèng korine | kinèn siyaga kang endah | ing kono adhakona | asinjanga garbong wungu | kêmbêne jingga rinenda ||

11. yèn sang nata praptèng kori [ko...]

--- 1 : 231 ---

[...ri] | api-api kêpapaga | nuli mirea dèn age | sarwi anolèh-nolèha | wingkisên lathinira | aja lèrèn aja gupuh | lan kincangên imbanira ||

12. tan antara nulya prapti | gumêrah upacaranya | kang ponang wadya wus manggon | upacara tinêrajang | sultan kagèt tumingal | pinandêng sarwi lumaku | lakune datan rêkasa ||

13. apan ora pati têbih | nolèh-nolèh lampahira | sarwi angincang alise | mangkana sri naradipa | kasmaran ing wardaya | kang raka anulya mêthuk | wus sami lênggah atata ||

14. Sultan Pajang matur aris | kakang bok kula tumingal | wontên èstri ayu kaot | duk kawula praptèng lawang | punapa masih lêgan | dene endah warnanipun | kang raka aris ngandika ||

15. tilare rakanta swargi | iya iku pêpingitan | kala dhingin maksih rare | ing mêngko sêdhêng diwasa | durung kambon ing priya | kang rayi aris umatur | kakang bok kawula têdha ||

16. kang raka ngandika aris | yayi aja mungguh ika | nadyan babêrkatan kabèh | ing Kalinyamat Prawata | kabèh pan darbèkira | yayi mung pratignyaningsun | patine Si Arya Jipang ||

17. nuli kêlakona yayi | kang rayi mèsêm wotsêkar | kangbok sampun walangatos | wuwuha satus prawira | kang kadi Arya Jipang | yèn kawula sampun sanggup | sayêkti môngsa lêpata ||

18. ingkang

--- 1 : 232 ---

raka angling aris | yayi Pêmanahan sira | iya kang dadi sêksine | sanggupe yayi narendra | ing Pajang mênèk cidra | ing besuk pratignyaningsun | Pêmanahan awotsêmbah ||

19. dhuh inggih sami ginalih | môngsa botên anggaliha | mênawi botên kasupèn | rayi dalêm sri narendra | sami gumujêng suka | sêlamine nimas ratu | sasedane ingkang raka ||

20. dèrèng gumujêng duk mangkin | kèngêtan wardayanira | dene bênêr pamêtike | ingkang rayi Pêmanahan | nora sisip sakêcap | dene mêtu sanggupipun | kang rayi duk mulat ing dyah ||

21. wus pinaringakên nuli | wanodya kêkalihira | dhatêng kang rayi sang katong | wus tinitihakên jolang | binêkta pêsanggrahan | sang nata anulya kundur | aglis prapta pêsanggrahan ||

22. sigra dènnya animbali | Ki Pênjawi Pêmanahan | lan ki patih katigane | sang nata aris ngandika | hèh patih ingsun arsa | angawaki ing prang pupuh | kêlawan Si Arya Jipang ||

23. paran kang kinarya wiwit | têmpuhing prang Bratayuda | iku jêr sukêr atine | matèni wong tanpa dosa | lawan niyate ala | iya marang jênêng ingsun | nora dosa pinrih ala ||

24. mung ewuhe ati mami | dene iku kinasihan | marang sang pandhita kaot | wotsêmbah rêkyana patya | kawula nuwun duka | yèn paduka aprang pupuh | kêlawan pun Arya Jipang ||

--- 1 : 233 ---

25. yèn maksiha ingkang dasih | sayêkti kêlangkung nistha | aprang tan sami timbange | satriya lawan narendra | kawula kang mêthukna | ingabêna takêr marus | atêpunga pupu jôngga ||

26. angrok bôndawala pati | ngabên pragolaning tulang | kêncêng otot liru kanthèt | kêlawan pun Arya Jipang | sang nata angandika | Pêmanahan kang tinantun | ki raka paran rêmbagnya ||

27. mungguh ature Ki Patih | Pêmanahan aturira | pukulun lêrês ature | nanging ta mênggah kawula | sênadyan ta kya patya | inggih dèrèng mangsanipun | yèn maksih para dipatya ||

28. pan inggih rêkyana patih | aprasasat sri narendra | patih kalipahing katong | apan inggih botên kirang | kang sami ngrèh jajahan | punika para tumênggung | kang sami asongsong bawat ||

29. ngandika sri narapati | yèn mangkono hèh ta patya | undhangêna sarupane | tumênggung lan pra dipatya | sapa ingkang sanggupa | agêdhe ganjaran ingsun | ing Pathi lawan Mêtaram ||

30. nanging patih dèn adhêmit | kumpula pakuwonira | kang para dipati kabèh | kyana patih nêmbah mentar | Pênjawi Pêmanahan | atur pamit sarêng mêtu | saking ngarsane sang nata ||

31. wus prapta pakuwon sami | angundhangi pra dipatya | sampun kumpul sêdayane | jêjêl prawira punggawa | dhinawuhakên sigra | timbanlanetimbalane sang aprabu | angrabasèng Arya Jipang ||

--- 1 : 234 ---

32. tampi ganjaran ing Pathi | kêlawan desa Mêtaram | hèh ta kônca sêdayane | dèn pikira dèn prayoga | prakara kang punika | tandangana ing prang pupuh | patine Si Arya Jipang ||

33. saguna-gunane sami | linêmbut tuwin kinasap | iya saduwèk-duwèke | umatur para dipatya | pêjah gêsang katura | kawula pan botên sanggup | mêngsah lan pun Arya Jipang ||

34. ing warti digdaya sêkti | tur samêkta sugih bala | sumôngga karsa sang katong | kya patih kewran ing nala | lajêng sami bubaran | patih saos ing sang prabu | sêmana praptèng byantara ||

35. ulun matur sri bupati | abdi dalêm sêdayanya | ngaturkên pêjah gêsange | para dipati sêdaya | samya tur palênggahan | tan wontên ingkang sumanggup | mring yudane Arya Jipang ||

36. sami kêkês miris ajrih | tan wontên adarbe manah | sang nata kewran driyane | wus mêdal rêkyana patya | ya ta ingkang kocapa | lêlurah kalih gya mêtu | Ki Pênjawi Pêmanahan ||

37. pan sarêng tata alinggih | kêlawan ing ipenira | Kyai Juru pêparabe | Pêmanahan ipenira | Kyai Juru punika | ipe naking-sanak iku | putrane Ki Agêng Saba ||

38. Pêmanahan duk ing nguni | akrama anaking uwa | mila Ki Juru ipene | putrane Ki Agêng Saba | nênggih Nyi Agêng Saba | sêdhèrèke ingkang sêpuh | marang Ki Agêng Laweyan ||

39. Ki Pêmanahan Pênjawi | lan [la...]

--- 1 : 235 ---

[...n] Ki Juru awêwarta | sayêmbarane sang katong | sapa ingkang bangkat karya | patine Arya Jipang | nêgara ganjaranipun | ing Pathi lawan Mêtaram ||

40. sagunge para dipati | sami atur pêjah gêsang | milane kewran sang rajèng | kados kakang sri narendra | tan wande ngawakana | milane aywa katungkul | mênawi ta wontên karsa ||

41. botên wande ngong wêtawis | sang nata ngawaki yuda | dene wus kathah sanggupe | mring kang raka Kalinyamat | malah sêksine kula | Ki Juru dupi angrungu | prakara kadya mangkana ||

42. Ki Juru lingira aris | mungguh wong kang kaya sira | mangkono karsa sang katong | kaya priye budinira | kinadang mring sang nata | tur ingandêlakên kewuh | yèn kongsia sri narendra ||

43. angawaki ing ajurit | amungsuh Si Arya Jipang | sun rasa têka sêpele | nora nyatur pra dipatya | mungguh kang kaya sira | tiwas gêgadhanganipun | padha ingandêlkên prana ||

44. yèn sang prabu angawaki | sira kang dèn adu yuda | angur ta pêranga dhewe | yèn mênang tômpa ganjaran | ing Pathi lan Mêtaram | Ki Pêmanahan gumuyu | ki raka kados manira ||

45. cumênthaka anyanggupi | ing bobote Arya Jipang | pra dipati sêdayane | kang sami bêngkok nêgara | ajrih mring Arya Jipang | ingkang kadya awak ingsun | kadar pira wong Sêsela ||

46. cawêta lan jabang bayi | nora liwat mung wong dhomas | Ki Arya Jipang [Ji...]

--- 1 : 236 ---

[...pang] bobote | prawira asugih bala | dhasar adarbe karsa | gangsingane pitung atus | dinulang mangap sêdaya ||

47. sasêliranira mantri | sandi prana ing ayuda | tigang atus wong ginênthèng | apa margane kalaha | amungsuh wong Sêsela | wong dhomas tur kuru-kuru | Ki Juru gumuyu latah ||

48. kêlamun mangkono yayi | para punggawa sêdaya | durung katêmu nalare | wong wêdi lawan ki arya | wong ajrih ing pawarta | durung nêmu tingkahipun | iku wong datanpa nalar ||

49. aprakara wong ajurit | nora kêna pinarosa | pêsthi kêlawan nalare | lamun uwong mangun yuda | bênêr pratikêlira | pae duk jaman karuhun | aprang ngadu kasêntikan ||

50. Ki Arya Pênangsang yayi | gampang yèn tinikêl nalar | ika wong doyan kuwanèn | nora kêna mambu tantang | iya lamun tinantang | pêsthine tan tolih batur | watake Si Arya Jipang ||

51. yèn wis têmu padha siji | apa ingkang kinajrihan | sira karubutên roro | lah iya kaya punapa | wong siji tan rubuha | dudu Menak Jayèngsatru | pan iku Si Arya Jipang ||

52. Ki Pêmanahan Pênjawi | duk miyarsa wuwusira | kalihe tyasira bolong | angadêg suraning nala | pan asru wuwusira | yèn mêkatên nalaripun | suwawi yuda kênaka ||