Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

44. Pangkur

1. manira darma lumampah | pêkênira kakang ingkang botohi | amrih prayoganing [prayoga...]

--- 1 : 237 ---

[...ning] laku | Ki Juru angandika | lah ta uwis matura marang sang prabu | prakara ing lakunira | adhi ingsun kang botohi ||

2. prakarane ing ayuda | luwih-luwih yayi ingkang botohi | carita jaman karuwun | prange Sata Kurawa | aprang lawan Pêndhawa mungsuh ji sèwu | kêdhik botohe utama | Pêndhawa mênang kang jurit ||

3. adoh-adoh kang dèn ucap | Dêmak bae kêlawan Majapait | gêdhe nagri Majalangu | suprandene kasoran | nagri Dêmak Sunan Bonang botohipun | prakara ing lakunira | sapakolèh padha cilik ||

4. Ki Pênjawi Pêmanahan | sigra marak dhatêng rêkyana patih | prapta ing pakuwon sampun | panggih lawan ki patya | sampun katur ing sakarsa-karsanipun | ki patih sarêng miyarsa | kêlangkung suka ing galih ||

5. bênêr kakang karo pisan | wong ngawula darbe pangrasa yêkti | eling dèn andêl ing ratu | dene kalah mênangnya | kang kagungan jaya pan inggih sang prabu | aja ina wong ngawula | kakang eling wong têliti ||

6. dene kang para dipatya | tanpa ngrasa kakang ingsun arani | padha ki saêndhasipun | atine ati nôngka | isi bêton yèn pinangan dadi êntut | eman leyangan kêndhaga | lah kakang sun bêkta aglis ||

7. marêk dhatêng sri narendra | wus umarêk katiga sampun prapti | nèng ngarsane sang aprabu | katiga ingandikan | praptèng ngarsa kyana patih [pa...]

--- 1 : 238 ---

[...tih] nêmbah matur | pun kakang kalih punika | purun tinandhing ajurit ||

8. kêlawan pun Arya Jipang | kawon mênang kagungan sri bupati | langkung suka sang aprabu | sokur lamun mangkana | dadi nora kêparan doh wèwèh ingsun | ing Pathi lawan Mêtaram | tibaa ki raka kalih ||

9. nanging dèn padha prayitna | lah ki raka ja kaya bocah cilik | amrih prayoganing laku | Arya Jipang digdaya | apan ingsun nyangoni lampah rahayu | katiga mêdal sêksana | dhatêng pakuwone patih ||

10. Ki Pênjawi Pêmanahan | sampun prapta ing jawi gunêm kawis | kang mungguh utamèng kewuh | dhuh kakang kayaparan | dèn nastiti prakara campuhing pupuh | môngsa bodho sira kakang | padha pasrah ing Suksmadi ||

11. Tumênggung Môncanêgara | samya nyumbang kêpraboning ajurit | tumbak pêdhang lawan tulup | bêdhil bêstrong myang kanjar | wong Sêsela ingkang sami ngusung-usung | prabotira ing ayuda | saking pakuwone patih ||

12. Ki Pênjawi Pêmanahan | sampun prapta pakuwon wus apanggih | kêlawan Kiyai Juru | tinutur solahira | dene suka timbalane sang aprabu | lan patih paring dandanan | Ki Juru lingira aris ||

13. kang samya paring dandanan | wong Sêsela kathah dipun pilihi | iya kang samya pinunjul | cinoba wong Sêsela | ya ta amung kêpanggih wong patang puluh | ana karya pinituwa | ingkang badhe ngirid baris ||

--- 1 : 239 ---

14. Ki Juru aris ngandika | besuk esuk sira nataa baris | lamun ana wong kapêthuk | yèn sira binakonantinakonan | angakua wong ing Pajang pan ingutus | boyongi mring Kalinyamat | nimas ratu dèn boyongi ||

15. ginawa mring nagri Pajang | pan mangkana padha saurirèki | batur kêthikên sêdarum | kêlamun sira prapta | sakulone bêngawan Sore puniku | anuli padha lèrèna | dèn kadi uwong ngêntèni ||

16. sêdhêng ing kana lèrèna | nora adoh saking Kudus nêgari | kêlawan pakuwonipun | iya Si Arya Jipang | lamun lèrèn padha turona sêdarum | anaa kang ura-ura | anèng sor putat kusambi ||

17. lawan akèh pandhan rangkah | kayu jarak sakiwa têngênnèki | kabèh batur ingkang mikul | sèlèhna ingkang rata | ing rakite katona padha mitambuh | sêdaya matur sandika | ya ta kawarnaa enjing ||

18. gumêrah ing pêbarisan | amisuwur dèn utus Ki Pênjawi | amondhongi nimas ratu | dhatêng ing Kalinyamat | Dyan Ngabèi Loring Pasar datan kantun | miwah wadyanya tamtama | kang tisna sami tut wuri ||

19. budhal saking pamondhokan | ingkang mikul tandhu kothong nèng ngarsi | kathah kang wadya pêpikul | sami glendhang sêdaya | laku samar tan môntra arsa prang pupuh | apan ora kagraitan | kêlamun arsa ajurit ||

20. dènnya lumampah sakeca | sampun lêpas lampahira [lampah...]

--- 1 : 240 ---

[...ira] nèng margi | sakilène lèpèn agung | bêngawan Sore prapta | kali Lanang arane kala rumuhun | tanpa sirah duk ing kina | cunthêl pangandhapirèki ||

21. wus sami lênggah atata | kilèn kali gènira pacakbaris | kanan kering têgal agung | pangarite ing Jipang | lamun enjing prasami ngarit ing ngriku | Ki Juru sampun anyêrat | pênantang sangêt nyampahi ||

22. mudhun lan Ki Wirataka | Wirasêca Ki Juru angulati | ing Jipang pangaritipun | tan adangu kêpanggya | amarêngi ing Jipang pangaritipun | gamêlipun gagakrimang | Ki Juru lingira aris ||

23. kisanak manira tanya | sira iku sapa duwe pêngarit | ingkang tinanya sumatursumaur | kula pêngarit Jipang | pêngarit jro gagakrimang gamêlipun | agême Arya Pênangsang | Ki Juru alon dènnya ngling ||

24. nêdha lila pêkênira | kupingira sasisih sun ilèni | sun wèhi reyal sapuluh | pêkathik nyêntak sugal | pangucape asugal sarwi ambêkus | kuping gawane si bapa | nora watak adol kuping ||

25. dadi pêkathik sun têmah | labêt saking angrêksa kuping mami | lan akèh wêragatipun | rinewang utang-utang | anggêlathak kuping pan arsa tinuku | manira môngsa awèha | nora niyat adol kuping ||

26. sun lakoni nora mangan | angawula mikul dadi pêkathik | sênadyan tinuku satus | môngsa sun wènèhêna | bok ta aja mêjanani pangucapmu | dumèh iki awak ingwang |

--- 1 : 241 ---

pan iya dadi pêkathik ||

27. sirèku salah pangucap | Wirataka sigra dipun kêjèpi | pêkathik lajêng tinubruk | gêmbor tan bisa obah | kupingira sawiji lajêng pinêrung | ya ta kinalungan layang | Ki Juru alon mêmêling ||

28. dèn katur mring gustinira | wadya Pajang kang mêrung kuping siji | pêkathik sigra lumayu | sêdya matur gustinya | kawarnaa nênggih Tumênggung Mêtaun | pêpatihe Arya Jipang | pan arsa sowan ing gusti ||

29. kandhêg ing paseban jaba | Pangran Arya Pênangsang lagya bukti | pêkathik lampahe rawuh | sarwi kuthah ludira | kalung layang cinêgatan lampahipun | lajêng maring jro karsanya | kya patih ingkang ngadhangi ||

30. wus cinandhak suratira | Ki Mêtaun sigra malêbèng puri | katingalan gustinipun | lagya satêngah dhahar | ya ta kèndêl lampahira Ki Mêtaun | ajrih lamun umatura | ing gusti pan lagya bukti ||

31. Arya Jipang duk tumingal | Ki Mêtaun seba ngandikan aglis | hèh patih dèn parèng ngayun | apa wartane jaba | Kyana Patih Mêtaun nêmbah umatur | dhuh gusti paduka dhahar | rumiyin dipun aririh ||

32. Ki Arya Jipang ngandika | sun apura sira matura aglis | aja anganggo sêsiku | ingsun alimi bapa | Ki Mêtaun wotsêmbah gusti pukulun | dèn sabar paduka dhahar | Pangran Jipang asru angling ||

33. lèh ta bapa aja taha | lah ta mara bapa matura aglis | pinêksa jangkêp ping têlu | kya patih awotsêkar |

--- 1 : 242 ---

abdi dalêm pêkathik mantuk pinêrung | sasisih akalung layang | punika sêrate gusti ||

34. Arya Pênangsang ing Jipang | asta kiwa nampani ingkang tulis | asta ingkang kanan wau | maksih angêpêl sêga | wus binuka sinuksma sajroning kalbu | pèngêta layang manira | Pêmanahan kang nglurahi ||

35. wadya tamtama ing Pajang | hèh Pênangsang sira arêp ngayoni | maring Pajang Sang Aprabu | kaya nora katêkan | lamun iya maksih urip jênêng ingsun | ingsun tandhingira yuda | sagêndhingmu aku wani ||

36. apragola wêntis jôngga | liru kanthèt ngadu pêrêding kulit | kêncêng otot tosing balung | kantar bau lan sira | padha siji yèn nyata-nyata sirèku | taliti Sultan Bintara | Pênangsang praptaa nuli ||

37. sun anti nèng kali Lanang | hèh ta Jipang yèn sira datan prapti | pêsthine sira puniku | anak olèhe ramban | mring biyangmu iya lawan wong pêrau | utawane wong kang nyantrang | payo aja na ngunduri ||

45. Durma

1. hèh Pênangsang ingsun tadhingmu ayuda | tan susah lan sang aji | yèn nyata prawira | payo nuli praptaa | sun têmoni padha siji | nèng kali Lanang | bramatya tan sinipi ||

2. kêpêl sêga binanting tiba ing panjang | panjang sumyur wor siti | sêksana ki arya | lajêng ngrasuk busana | sakêpraboning ajurit | dhuwung nyuriga | jimat sampun rinakit ||

3. kambilana jaranku si gagakrimang | sigra dipun kambili | wau Arya Jipang |

--- 1 : 243 ---

nyêndhal waos plawungan | gagakrimang dèn titihi | dupi ki arya | sampun anitih wajik ||

4. Ki Mêtaun wanti-wanti aturira | dhuh gusti gusti gusti | sakêdhap kèndêla | angantosana bala | paduka dipun gêlari | Ki Arya Jipang | sêmana dèn aturi ||

5. mring kang rayi nanging sanès ibunira | Arya Mêtaram mami | kakang twan kèndêla | inggih ngantia bala | sampun nistha ing ajurit | jamak tyang yuda | rêbat rok jayèng jurit ||

6. jêng paduka kakang pinasangan gêlar | Ki Arya Jipang angling | wis sira mênênga | ingsun môngsa wêdia | wus jamake wong ajurit | rinêbut kathah | môngsa mirisa mami ||

7. wanti-wanti ingkang rayi aturira | kang raka saya runtik | wus aja angucap | sadulur seje biyang | manira boya praduli | rowang lan sira | kang rayi langkung runtik ||

8. inggih sampun lamun tan kêni ingeman | pêsthi wong rêbut urip | Ki Mêtaun nyongklang | nututi kapang-kapang | nanging tan bisa nututi | pun gagakrimang | pênyandhêre lir mimis ||

9. Ki Mêtaun dhasare priyayi tuwa | adarbe lara mêngi | playune tan nyandhak | nututi Arya Jipang | kocapa ingkang miranti | Ki Pêmanahan | wadyane wus rinakit ||

10. pan Ki Juru Ngabèi Saloring Pasar | kapat Kyai Pênjawi | sagung kulawôngsa | apan sampun tinata | wus miranti pinggir kali | gêgaman Pajang | anèng wuri anêbih ||

11. Arya Jipang wus prapta ing sabrang wetan | kandhêg [ka...]

--- 1 : 244 ---

[...ndhêg] sapinggir kali | wetaning bêngawan | Sore adhêp-adhêpan | cinarita kala dhingin | singa kang nyabrang | pêsthi apês kang jurit ||

12. Arya Jipang asru ing pangucapira | êndi kang awèh tulis | anantang maringwang | ing kene kêmbulana | wong Pajang rupane êndi | papagna ingwang | payo rêbutan jurit ||

13. wong ing Sela Wirataka asru ngucap | lah iya gusti mami | sung layang mring sira | payo sira nyabranga | sun kêmbari padha siji | dudu prawira | yèn kandhêg pinggir kali ||

14. duk miyarsa Ki Arya Jipang bramatya | talingan lir sinêbit | kudane kinêtab | cinamêthi malumpat | kuda sigra jêgur kali | pun gagakrimang | kêbat dènira nglangi ||

15. kadya palwa katiyup dening maruta | tan kancap kang palisir | sagunging wong Sela | sêdaya sami surak | Pêmanahan lan Pênjawi | miwah kang putra | Ki Juru nora têbih ||

16. sampun prapta ing pinggir kali ki arya | binendrong dening bêdhil | sinosog ing watang | linêmbing binangkolang | suligi kadi gumiris | Sang Arya Jipang | kudane dèn camêthi ||

17. gagakrimang wus mêntas anèng dharatan | têngah barisan prapti | sira Arya Jipang | lir Abimanyu yuda | rinêbut Kurawa nênggih | turangganira | tandange lir rasêksi ||

18. nujah ngêrah amengkal marang ing mêngsah | singa kêtrajang ngisis | wau Arya Jipang | mobat-mabit lawungnya | lir kitiran nèng astèki | wadya ing Sela | akathah kang ngêmasi ||

19. sinosog [si...]

--- 1 : 245 ---

[...nosog] ing watang ki arya tan pasah | wulunira tan busik | amung kang wèh layang | ingkang pinêlêng driya | ki arya sêsumbarnèki | êndi rupanya | iya kang awèh tulis ||

20. ingkang sanggup angêmbari marang ingwang | amapag padha siji | ing mêngko umpêtan | angandêlakên bala | majua ing ngarêp mami | wadya ing Sela | numbaki nganan ngering ||

21. kang kêtrajang wadya Sêsela kèh bubar | wadya Pajang nyuraki | lir karêngèng wiyat | surake wadya Pajang | Arya Jipang sukèng galih | pangrasanira | apan binayangkari ||

22. tandangira ki arya lir singa lodra | lir buta môngsa daging | kang tinrajang bubar | waspada Pêmanahan | wadya ing Sêsela ngisis | arsa maguta | kêlawan Ki Pênjawi ||

23. pan Ki Juru ngadhangi alon lingira | dèn eling sira yayi | môngsa ngêntasana | dudu bubuhanira | ki bayi ingkang duwèni | tandhinge yuda | Si Jipang kang matèni ||

24. sutanira iku kang ngêntasi karya | lawan Si Jipang iki | sênadyan taruna | wus pinêsthi ing Suksma | lokhil makphul wus tinulis | karone sira | ngampinga kanan kering ||

25. sigra mangsah Ngabèi Saloring Pasar | kang rama kalih ngamping | ingkang tinitihan | bêlo maksih bathilan | Ki Palèrèd kang pinandhi | sampun apanggya | ayun-ayunan jurit ||

26. Arya Jipang asru ing pangucapira | sapa aranirèki | dene maksih bocah | pantèn amapag ingwang | sira ambêk [ambê...]

--- 1 : 246 ---

[...k] kumawani | thole sun eman | mundura eman mati ||

27. lah ta êndi Pêmanahan kang wèh layang | anantang marang mami | dene nora ana | Dyan Ngabèi lon mujar | ingsun ingkang angêmbari | marang ing sira | sigra tinumbak kêni ||

28. kaprajaya lambunge kiwa anjola | jaringanira mijil | sigra malês numbak | ananging tuna dungkap | pathak kuda ingkang kêni | kuda anjola | angadêg ngolang-ngaling ||

29. kudanira radèn ngabèi punika | bêlo maksih binathil | ngadêg ngulêr kilan | nora kêna jinambak | ambandhang kêpati-pati | sigra rahadyan | angrangkul gulu wajik ||

30. duk puniku lajêng dhawuhkên sêngara | saturunipun benjing | aja nitih kuda | ingkang maksih bathilan | kêlamun amangun jurit | Sang Arya Jipang | asru dènira angling ||

31. hèh wong Pajang aja ngucira ing aprang | payo padha prajurit | dèn age balia | rahadèn duk miyarsa | kudane dèn ulih-ulih | arsa balia | Ki Juru angadhangi ||

32. Kyai Juru apan èstri kudanira | inguculakên aglis | anulya nêrajang | ngarsane Arya Jipang | gagakrimang asru budi | Arya Pênangsang | kontrag ususe mijil ||

33. gya dinudut ingubêdakên wêrôngka | tinon mundhak rêspati | muncrating ludira | jaja kadi rinêngga | jaringanira sumampir | munggèng wêrôngka | lir oncèn puspita sri ||

34. sinurakan kinubêng kinalang-kalang [kinalang-ka...]

--- 1 : 247 ---

[...lang] | kadya binayangkari | sangsaya kêrasa | kanine Arya Jipang | pêtêng paningalirèki | lajêng aniba | gladrahan anèng siti ||

35. kêlangsaran Radèn Ngabèi tumingal | pucuke waosnèki | pinirsa pan gowang | namung satugêl bêras | gêgêtunira tan sipi | dhasar sanyata | Si Pênangsang sinêkti ||

36. tan antara Ki Arya Jipang palastra | Ki Mêtaun gya prapti | wruh gustine pêjah | arsa ambelanana | anyabrang dipun tadhahi | kêlangkung sayah | mati dipun gêbugi ||

37. dhas kinêthok pinanjêr pinggir bêngawan | wadya kang nusul sami | gêgaman ing Jipang | muntab ngêbêki papan | sang arya sedanirèki | pan sinêngkalan | wiku sapta hèr nabiSengkalan: wiku sapta hèr nabi (1477 A.J.). ||

38. wadyanira ing Jipang tanpa wilangan | nanging sêdaya sami | kandhêg lampahira | anèng wetan bêngawan | duk myarsa gustine lalis | wadya ing Jipang | tyasira sami kingkin ||

46. Asmaradana

1. sira Radèn Angabèi | Loring Pasar asêsumbar | astane angawe-awe | hèh wong Jipang kawruhana | gustimu wus palastra | utawa pêpatihipun | iya wus padha palastra ||

2. sun panjêr sirahirèki | anèng pinggiring bêngawan | apa karêpira mangko | yèn sira pêksa anglawan | abela gustinira | payo nabranga sêdarum | marang kuloning bêngawan ||

3. sagêndhingmu sun tadhahi | sêmana wadya ing Jipang | sêdaya kêkês manahe | rinasa datan kawawa |

--- 1 : 248 ---

yèn lawana ing yuda | de gustine wus kêsambut | wus rêmbag sêdayanira ||

4. gya nabrang bêngawan sami | anggulung banderanira | nungkul ambongkok waose | wus tinampan wadya Pajang | wong Jipang panungkulnya | Kyai Juru nulya kundur | sawadyane mêsanggrahan ||

5. wus prapta pakuwon sami | Kyai Juru angandika | mring Manahan Pênjawine | paran mêngko rêmbugira | de wus rampung ing karya | ingkang liningan umatur | sumôngga karsa paduka ||

6. kawula darmi nglampahi | punapa ing rèh paduka | Ki Juru ngandika alon | patine Si Arya Jipang | sutanta kang mêrjaya | yèn sira matura tuhu | iya marang kangjêng sultan ||

7. kêlamun putranirèki | Si Ngabèi Loring Pasar | iya ingkang olèh gawe | amatèni Arya Jipang | sêtun ganjaranira | arta busana kang luhung | iku watara manira ||

8. ya nora antuk nêgari | dene kêlamun ta sira | ingkang ngakoni wong roro | kang matèni Arya Jipang | pasthi tômpa ganjaran | kang dadi ubayanipun | ing Pathi lawan Mêtaram ||

9. pan inggih lêrês sayêkti | lah benjang aja sulaya | padha ingaku wong roro | patine Si Arya Jipang | saking sira lan ingwang | kang rayi pan sampun rêmbug | Ki Juru pratikêlira ||

10. tuwin Rahadèn Ngabèi | Loring Pasar tan suwala | ingkang rama pratikêle | ginalih sampun prayoga | kang dadya rêmbagira | ingkang

--- 1 : 249 ---

rama katrinipun | badhe katurnya mring sultan ||

11. ya enjangira anuli | budhal saking pêsanggrahan | gumarêdêg sabalane | wong Jipang lawan ing Pajang | asarêng lampahira | wus dadya sawiji kumpul | utawa wadya ing Sela ||

12. sri tinon lampahing baris | neka busananing wadya | tanpa wilangan kathahe | ing marga datan winarna | siyang dalu lumampah | sêmana pan sampun rawuh | têlatah nêgari Pajang ||

13. lajêng lampahira manjing | nêgara ya ta jêng sultan | nuju siniwèng wadyane | Ki Juru Pênjawi lawan | Kiyai Pêmanahan | prapta umarêk sang prabu | wus katur sasolahira ||

14. Ki Pênjawi matur aris | gusti punika katura | Arya Pênangsang lawunge | kang kinarya magut ing prang | lan dhuwung sakêmbaran | nguni kang kinarya ngamuk | kunjuka ing padukendra ||

15. sang nata ngandika aris | inggih ki raka andika | ingkang angêntasi gawe | nagri Pathi tampanana | dadya ganjaranira | dene ki raka kang sêpuh | gênti ing benjang kewala ||

16. wunyawusnya ngandika sang aji | nulya kundur angêdhatyan | ginarêbêg pawongane | Ki Pênjawi sukèng driya | de wus tampi ganjaran | kêlawan jinunjung lungguh | Ki Agêng Pathi namanya ||

17. apan nêgara ing Pathi | cacahe karya salêksa | Ki Pênjawi suka tyase | kêlangkung mukti wibawa | mung Kyai Pêmanahan | kêlangkung susahing kalbu | dèrèng nampèni ganjaran [ganjara...]

--- 1 : 250 ---

[...n] ||

18. apan nagri ing Mêtawis | kang badhe ganjaranira | nging dèrèng pinaringake | marang Kyai Pêmanahan | pan maksih sinêmayan | langkung dènnya ngayun-ayun | sira Kyai Pêmanahan ||

19. Ki Juru amituturi | sabarêna karsanira | mênawa durung wêktune | ing saiki bêgjanira | dèn narima kewala | pandugaku nora wurung | mokal lamun ratu cidra ||

20. pan sampun antara lami | durung ana wartanira | mulung ing galih sang katong | tyasira Ki Pêmanahan | sangsaya drênging karsa | têtela cidra sang prabu | sêmana Ki Pêmanahan ||

21. gya kesah saking nêgari | sakêlangkung wirangira | dadya anglalu manahe | apan arsa adhêdhêkah | tapa amati raga | ing Sêkarlampir jinujug | pribadi tan mawi rowang ||

22. sapraptaning Kêmbanglampir | nèng ngriku lajêng dhêdhêkah | sangêt amati ragane | wirang kêlamun sebaa | marang Jêng Sultan Pajang | èngêt cidrane sang prabu | pinalaur adhêdhêkah ||

23. kunêng gantya kang winarni | Kangjêng Sunan Kalijaga | datan samar paningale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah | anulya tumêdhak gupuh | têtinjo mring Pêmanahan ||

24. sakêdhap prapta Banglampir | kagyat Kyai Pêmanahan | myat Sunan Kali praptane | kêlangkung asrêping driya | mabukuh anèng ngarsa | amba tan susah umatur | tuwan môngsa kilapana ||

25. Sunan Kali ngandika ris | ya pagene kaki [ka...]

--- 1 : 251 ---

[...ki] sira | têka dhêdhukuh nèng kene | apa kang dadi tyasira | dene ta ratunira | lawan sira tunggal guru | têka sumingkir nèng wana ||

26. Pêmanahan matur aris | kawula anuwun duka | mangkya putranta sang katong | amaleca ing ubaya | inggih dhumatêng kula | yêkti tan rêna tyas ulun | angawula ratu cidra ||

27. mèsêm Jêng Susunan Kali | wusana aris ngandika | lah wus aja winiraos | iya manira wus wikan | marang ing karêpira | piturutên karsaningsun | payo sun têmokkên sira ||

28. lawan arimu sang aji | aja sumêlang tyasira | mêngko sun kang nyulangake | karsanipun Sultan Pajang | kêlamun tan prayoga | iya manira kang matut | aja sira walangdriya ||

29. lah ta payo nuli mulih | marang nêgara ing Pajang | sira katêmua dhewe | wus kerid Ki Pêmanahan | mring Sunan Kalijaga | ing marga datan winuwus | wus prapta nêgari Pajang ||

30. anjujug ing dalêm puri | dumrojog tanpa larapan | sapraptanirèng kêdhaton | jêng sultan kagyat tumingal | praptane Jêng Susunan | Kalijaga Sang Aprabu | tur sêmbah atur pêmbagya ||

31. wusnya tata lênggah sami | Sunan Kali angandika | iya praptaningsun kene | manira miyarsa warta | ing sayêmbaranira | Si Pênangsang patinipun | sira gantungi ganjaran ||

32. ing Mêtaram lan ing Pathi | kang sawiji wus kalakyan | mring Pênjawi ganjarane | mung rakanta Pêmanahan [Pêmanah...]

--- 1 : 252 ---

[...an] | kang durung nampanana | apan iku ubayamu | lah nuli lêksananana ||

33. aywa maleca ing jangji | anggêmpalakên dêrajat | yèn ratu cidra ujare | Sultan Pajang matur nêmbah | alêrês sabda tuwan | ulun tan nyat cidrèng wuwus | saking pangangkah kawula ||

34. de dhusun Mêtaram mangkin | maksih risak kadya wana | nadyan ulun paringake | ing benjang yèn sampun rêja | yèn kakang Pêmanahan | kasêsa ing manahipun | mintaa ing sanèsira ||

35. inggih kawula paringi | Sunan Kali malih nabda | lah iya aywa mangkono | kêrana sira wus sagah | nadyan gêmah rusaka | anuli paringna gupuh | ywa pakewuh roning kamal ||

47. Sinom

1. dangu tan sagêd ngandika | sultan kèmêngan ing galih | arsa datan ingaturna | kang dadya raosing galih | dadya cidra ing batin | sayêkti ajrih ing guru | dadya matur anêmbah | dhuh inggih sang maha yêkti | pramilane mêkatên atur kawula ||

2. kawula mirsa wirayat | saking Jêng Susunan Giri | ing nagri Mêtaram benjang | wontên jumênêng nêrpati | amêngku tanah Jawi | Sunan Kali ngandika rum | têka mêrangi tatal | mundur Suksma dèn waoni | yèn mangkono kakangira Pêmanahan ||

3. mumpung anèng ngarsaningwang | prasêtyaa sun èstrèni | kang liningan matur nêmbah | inggih sandika sang yogi | amba tuwan saidi | kêlamun darbea kayun | badhe [ba...]

--- 1 : 253 ---

[...dhe] jumênêng nata | wontên nêgari Mêtawis | pan kawula sampun amanggih raharja ||

4. kêlamun darbea cipta | kadya mangkana wak mami | utawi nêdya ngêndhiha | kêraton ing Pajang mangkin | sumôngga awak mami | pêjah gêsang ulun katur | sintên ingkang wikana | lêlampahanipun wuri | langkung gaib karsane Kang Murbèng Jagad ||

5. Susunan ing Kalijaga | mèsêm angandika aris | iya bênêr ujarira | datan ana ingkang sisip | Sultan Pajang miyarsi | kêlangkung lêga ing kalbu | tan wrin yèn ujar keras | Sunan Kali ngandika ris | lah ta uwis jêbèng Pajang pasrahêna ||

6. ya tanah desa Mêtaram | marang ing kakangirèki | Sultan Pajang aturira | sumôngga ing asta kalih | kakang dika tampani | padesan tanah Mêtarum | ananging maksih bêra | Pêmanahan matur inggih | anampani padesan nagri Mêtaram ||

7. Sunan Kali angandika | jêbèng Pêmanahan nuli | muliha marang Mêtaram | boyonga saanak rabi | manira angidèni | tuluse gonmu sadulur | lah wus padha karia | manira pan laju mulih | kalihira manêmbah angaras pada ||

8. sakundure sang pandhita | Sultan Pajang ngandika ris | inggih kakang Pêmanahan | prayogi atur udani | maring kakang bok nênggih | Kalinyamat Nimas Ratu | kang raka aturira | inggih sumôngga sang aji | kakang benjang enjang kewala budhalan ||

9. sultan gya kundur ngêdhatyan [ngê...]

--- 1 : 254 ---

[...dhatyan] | ginarêbêg para cèthi | Pêmanahan nulya mêdal | mantuk mring wismanirèki | wus panggih lan kang rayi | utawi Kiyai Juru | Pêmanahan ris nabda | jêng sultan karsanirèki | benjang enjang têdhak dhatêng Danaraja ||

10. ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | jêng sultan miyos ing pura | ginarbêg wadya gêng alit | Pêmanahan Pênjawi | tan kari lan Kyai Juru | rikat lampahing wadya | ing marga datan winarni | sampun prapta padhepokan Danaraja ||

11. Nimas Ratu Kalinyamat | gupuh amêthuk kang rayi | wus binêkta manjing wisma | satata lênggahirèki | sultan umatur aris | dhuh kakang bok prapta ulun | angaturi uninga | Arya Jipang wus ngêmasi | ing samangkya luwarên subrôngta tuwan ||

12. Nimas Ratu Kalinyamat | mèsêm angandika aris | mring kang rayi Sultan Pajang | yayi sapa kang matèni | kang rayi matur aris | ki raka Manahan bakyu | lan Pênjawi arinya | apan inggih dèn kalihi | Kyai Juru kang dados bêbotohira ||

13. nimas ratu angandika | lah ing mêngko ana ngêndi | wong têlu kang olèh karya | padha timbalana yayi | inggih wontên ing jawi | nulya tinimbalan gupuh | tan dangu praptèng ngarsa | katri samya atur bêkti | sawusira atata lênggah ing ngarsa ||

14. jêng sultan aris ngandika | mênawi parêng ing galih | kawula nyuwun wasiyat | wasiyatipun suwargi | dhuwung lan waos nênggih | punika kawula [ka...]

--- 1 : 255 ---

[...wula] suwun | kang raka aris nabda | iya sakarsanirèki | lah ta iki wasiyate kakangira ||

15. dhuwung pinaringkên nulya | tinampan lajêng winangking | myang waose wus katampan | jêng sultan suka ing galih | ing solah tan winarni | sultan wus pamitan kundur | kalilan lajêng budhal | Pêmanahan lan Pênjawi | datan sarêng kundurira lan jêng sultan ||

16. katiga lajêng ginanjar | Pêmanahan dèn kathahi | kang dados ganjaranira | dènnyarsa babad wanadri | roncene tan winarni | pamitan kalilan mundur | tan cinatur nèng marga | wus prapta dalêmirèki | wusnya rêmbug arsa budhal mring Mêtaram ||

17. putranira Pêmanahan | pêpitu kathahirèki | apan wus sami akrama | ingkang jalu tuwin èstri | ingkang èstri kêkalih | gangsal ingkang sami kakung | akrama wus pêputra | jalu atanapi èstri | kang pêmbajêng Dyan Ngabèi Loring Pasar ||

18. ingkang pawèstri satunggal | krama angsal Dhadhaptulis | mantrinipun Sultan Pajang | angêtutakên ing laki | putra èstri kêkalih | karsanira badhe tumut | dhumatêng ingkang rama | ya ta kawarnaa enjing | sampun rampung anggènira pirêmbagan ||

19. tan wrin kang anom kang tuwa | kêkasihira duk alit | Radèn Jambu kang satunggal | Radèn Santri kang satunggil | Radèn Topèng kang siji | gangsale Radèn Gêdhadhung | kêkalih kang wanodya | pan sampun sami akrami | kang sawiji kagarwa Tumênggung Mayang ||

20. mangkana [mangka...]

--- 1 : 256 ---

[...na] Ki Pêmanahan | karsanira nyuwun pamit | dhatêng Kangjêng Sultan Pajang | pra putra sami angiring | miwah Radèn Ngabèi | Loring Pasar datan kantun | wus prapta pênangkilan | umarêk sampun kêpanggih | Sultan Pajang pinarak anèng dhêdhampar ||

21. putrane Ki Pêmanahan | gênti-gênti angabêkti | dhumatêng sri naradipa | miwah radèn angabèi | sami rangkulan nênggih | lan rayi samya rawat luh | lawan Pangran Bênawa | dyan ngabèi lingnya aris | apan ingsun arsa lunga mring Mêtaram ||

22. sira karia riningwang | ingsun arsa mring Mêtawis | matur Pangeran Bênawa | ature amêlasasih | kakang sampun alami | anuntên sampeyan wangsul | atinjo ing kawula | tan sagêd kawula kari | lan andika paran ta polah kawula ||

23. Pêmanahan matur sultan | kawula anuwun pamit | Sultan Pajang angandika | inggih kakang sami-sami | basukia kang kari | rahayua kang lumaku | anulya uluk salam | Ki Juru anyuwun pamit | kangjêng sultan pan sampun anjawab asta ||

24. wus lèngsèr Ki Pêmanahan | kang putra sami angiring | angêdhaton Sultan Pajang | kocapa kang sampun mijil | wus prapta wismanèki | apan lajêng tata lungguh | ya ta Ki Pêmanahan | putrane èstri kêkalih | anungkêmi ing padane ingkang rama ||

25. kêkalih sami karuna | ingkang wuragil pawèstri | kang angsal Tumênggung Mayang | ingkang satunggil [satunggi...]

--- 1 : 257 ---

[...l] pinanggih | lan Arya Dhadhaptulis | mantu kêkalih puniku | samya mantri ing Pajang | Pêmanahan lingnya aris | anak ingsun babo aja na karuna ||

26. lah nini sira dèn bisa | angawula marang laki | witne tan bêtah manira | apisah lan sira nini | nanging ta paran nini | botira suwitèng kakung | pisah lan yayah rena | wus jamake wong alaki | pandongaku rinêksaa ing Hyang Suksma ||

27. lah uwis sira karia | karo putraningsun nini | sun budhal marang Mêtaram | putra kalih lara nangis | mring rama angabêkti | tuwin dhumatêng kang ibu | dadya amêgat trisna | kakung kalawan kang rayi | ingkang mantu samya ngabêkti kalihnya ||

28. Tumênggung Mayang ta sira | lan Ki Arya Dhadhaptulis | prasami mantri ing Pajang | Ki Pêmanahan lingnya ris | lah karo sira uwis | ingsun mangkat mumpung esuk | sêntana para putra | wus mangkat saanak rabi | pan asêlur pikulan miwah gotongan ||

29. saprabote wong gagriya | binêkta tan ana kari | gumuruh samarga-marga | kulawôngsa sami ngiring | budhal marang Mêtawis | tanapi Kiyai Juru | kêrig sarayatira | binêkta marang Mêtawis | langkung rêmbên lampahe Ki Pêmanahan ||

30. wantune lampah wong kathah | amrih ayêmirèng margi | ing karsa datan kasêsa | milane lami ing margi | garwa kêlawan sêlir | sami ingêmot ing tandhu | bayi sami ingêmban | andulur samargi-margi [samar...]

--- 1 : 258 ---

[...gi-margi] | rêreyongan lampahe samarga-marga ||

31. sagunge ingkang gotongan | dêlidir anèng ing margi | tanapi ponang gotongan | kang dhingin lawan kang kari | bantal kasur lan guling | warna-warna kang pinikul | apan samya binêkta | sêdaya dhatêng Mêtawis | samya sayah alèrèn Ki Pêmanahan ||

32. sarta nak putune pisan | andhèr sor waringin taji | ya ta ingkang kawarnaa | Ki Agêng Karanglo singgih | pan sampun acêcawis | dènira arsa sêsuguh | dhatêng Ki Pêmanahan | pêcêl pitik jangan mênir | sêga golong ya pirang-pirang gotongan ||

33. Ki Gêdhe Karanglo gêpah | dènnya sêsuguh sarimbit | prapta sarêng uluk salam | wus samya tata alinggih | langkung dènnya minta sih | Ki Gêdhe Karanglo matur | kula ngaturi sêgah | sêkul sênajung puniki | tanpa ulam sampun kirang pangaksama ||

34. Pêmanahan saurira | inggih anêdha ki bayi | sêksana sami dhaharan | ulamipun pêcêl pitik | kêlawan jangan mênir | dènira dhahar pikantuk | saanak putunira | tuwuk sêdaya wêradin | ri sampune bubaran dènnya dhaharan ||

35. mangkana Ki Pêmanahan | dènira ngandika aris | ingsun iki kapotangan | ki bayi marang sirèki | gonira potang bêcik | ing besuk ngong bisa nyaur | mring kabêcikanira | Ki Gêdhe Karanglo angling | botên sagêd kawula inggih matura ||

--- 1 : 259 ---

36. Pêmanahan sigra budhal | Ki Gêdhe Karanglo ngiring | dhatêng nagari Mêtaram | kêlangkung dènira asih | sangêt nganorkên ragi | Ki Gêdhe Karanglo wau | dhatêng Ki Pêmanahan | ana kêrasa ing galih | besuk têmbe yèn kêna dèn arsa-arsa ||

37. kocapa ingkang asiram | anèng kali Ompak nênggih | Panêmbahan Kalijaga | Pêmanahan aningali | ing guru sang ayogi | sigra mêlayoni gupuh | praptèng ngarsa gya nêmbah | ing guru sang maha yêkti | suku kanan nênggih ingkang winisuhan ||

38. Ki Gêdhe Karanglo gêpah | amasuhi suku kering | sukunira sang pandhita | ri sampune dèn wisuhi | ya ta sang maha yêkti | pangandikanira arum | dhatêng Ki Pêmanahan | miwah Ki Karanglo singgih | dipun atut dènira padha kêkadang ||

39. nanging sira nora kêna | Ki Bayi Karanglo benjing | ing saturun-turunira | nunggang jêmpana lan joli | lawan sinêbut jalmi | radèn lan mas saturunmu | sawusnya angandika | sang wiku parentah aglis | lah ta uwis banjura ing lakunira ||

40. Pêmanahan mring Mêtaram | sêksana lajêng lumaris | putra tuwin kulawarga | datan kawarna ing margi | wus prapta ing Mêtawis | anênggih ingkang jinujug | sakilène Widara | ing ngriku kang dèn dhukuhi | ri sêksana akarya pondhokanira ||

41. sampun arakit sêdaya | dènira babad wanadri | duk Ki Agêng Pêmanahan | atêtruka [atê...]

--- 1 : 260 ---

[...truka] ing Mêtawis | murah bêras lan pari | tanapi pala gumantung | tan ana tinanduran | sagung kang tumiba siti | têtuwuhan pan sami dadi sêdaya ||

42. dhusun Mêtaram sêmana | sakêlangkung loh jinawi | pasitèn rata awiyar | tur tandhês amurah warih | siti pasir awukir | miwah pacangkraman agung | ing toya myang ing wana | arêsik wêdhi numpangi | toya wêning murah sumbêr sêndhang-sêndhang ||

43. wadya putra myang sêntana | wus sami tata miranti | bêbanjêngan wismanira | tuwin Ki Juru Mêrtani | karya dhepok pribadi | tan têbih panggenanipun | lan Ki Agêng Mêtaram | sêmana ngalami-lami | ing Mêtaram arjane saingga praja ||

44. wong desa kang têbah-têbah | kathah ngungsi mring Mêtawis | prasami milwa gagriya | tulus kang tinandur tuwin | murah sandhang lan bukti | saya tambah arjanipun | têntrêm kang wadya-wadya | ing solah datan winarni | ya ta wau sira Ki Agêng Mêtaram ||

45. wus lami antaranira | dènnya nèng nagri Mêtawis | sêmana pan arsa seba | marang ing Pajang nêgari | enjang siyaga sami | budhal saking ing Mêtarum | rikatan lampahira | dènira miyarsa warti | Sultan Pajang arsa sowan marang Arga ||

46. mring Sunan Parapèn ika | ki agêng lampahnya prapti | ing Pajang wau jêng sultan | wus arsa budhalan nuli | ki agêng ing Mêtawis | lajêng andhèrèk sang prabu | wadyabala ing Pajang | kathah kang samya angiring | tan winarna ing marga pan sampun prapta ||

--- 1 : 261 ---

47. anèng ing Giri kêdhatyan | susunan lagya siniwi | pêpak kang seba ing ngarsa | sagunge para bupati | Japan Wirasabèki | ingkang cakêt munggèng ngayun | Dipati Surabaya | Pasuruan lan Kadhiri | pra dipati brang wetan pêpak sêdaya ||

48. tuwin Dipati Madura | sêdaya sami anangkil | ing Pathi lawan ing Tuban | sêmana sri narapati | ing Pajang praptanèki | ingancaran lênggah sampun | anèng babut rinêngga | tuwin Ki Agêng Mêtawis | lawan para bupati wus samya lênggah ||

49. pan sêmana sinêngkalan | pêksi astha warna ajiSengkalan: pêksi astha warna aji (1481 A.J.). | Sultan Pajang ingestrenan | jumênêngira nêrpati | sawusira anuli | sugata sumaos ngayun | wus sami kinon dhahar | tuwin kang para dipati | pan sêdaya wus sami akêkêmbulan ||

50. Sunan Parapèn ngandika | hèh sagung para dipati | kabèh anak putuningwang | padha aruntuta sami | lawan kadangirèki | aywa na salayèng kalbu | dèn atut akêkadang | ingsun tatêdha ing Widi | salamêta ing dunya praptèng dêlahan ||

51. tur sêmbah ingkang liningan | pangèstu paduka mugi | ingkang mugi istijaba | dhatêng putra sadayèki | ya ta dènira bukti | wus dugi linorod sampun | marang pamburèn nisa | wêtara sêdaya sami | Kyai Agêng Mêtaram agung sinawang ||

52. dhatêng Kangjêng Sunan Arga | hèh Ki Jêbèng Pajang iki | dasih ta kang anèng wuntat | ya sapa wastane iki | Sultan Pajang turnya ris | inggih punika pukulun [pu...]

--- 1 : 262 ---

[...kulun] | kadang amba kang nama | Kyai Agêng ing Mêtawis | ing samangke wus gagriya ing Mêtaram ||

53. yèn mangkono kadangira | iya konên lungguh nginggil | ing kono nunggala lawan | sagunge para bupati | sultan ngandika maring | Ki Agêng Mêtaram gupuh | kakang andika minggah | ki agêng gya lênggah nginggil | sang pandhita aris dènira ngandika ||

54. dhuh sêdaya putraningwang | padha piyarsakna sami | iku Si Gêdhe Mêtaram | karsaning Hyang Maha Luwih | anak putune benjing | kang mêngku tanah Jawèku | kongsi têrah-tumêrah | samya ngidhêp mring Mêtawis | Kyai Agêng Mêtaram myarsa wirayat ||

55. Kangjêng Susunan ing Arga | sêmana Kyai Mêtawis | gya nêmbah mangaras pada | dhatêng Jêng Sinuwun Giri | sangêt sokur ing Widi | sira Ki Agêng Mêtarum | mring sang raja pandhita | malih angandika aris | dipun padha narima wahyuning Suksma ||

56. ya ta Ki Gêdhe Mêtaram | ngaturkên dhuwungirèki | dhatêng sang raja pandhita | nging sang yogi tan nampèni | sêmana pra bupati | miyarsa wirayatipun | Kyai Gêdhe Mêtaram | cinêtha amutêr bumi | duk sêmana sira sang raja pandhita ||

57. pan arsa karya têlaga | sêdaya para bupati | prasamya milwa tumandang | tan winarna sampun dadi | toyanya langkung wêning | ingaran têlaga patut | sagunge pra dipatya | sêdaya sami ningali | nagri mônca pinatut anèng têlaga ||

58. ri sampunira

--- 1 : 263 ---

mangkana | sagunge para bupati | wus kinèn kundur sêdaya | dènira sang maha yêkti | gya mundur sêdayèki | sowang-sowangan umantuk | tuwin Jêng Sultan Pajang | pan sampun tinundhung mulih | tuwin sira Kiyai Gêdhe Mêtaram ||

59. sarêng mundur saking ngarsa | ing marga datan winarni | wus prapta ing nagri Pajang | jêng sultan lajêng mring puri | gung ginagas ing galih | wirayatira sang wiku | tuwin wadya punggawa | sêdaya ngungun ing galih | marang wêcanira Ki Agêng Mêtaram ||

60. rêntênging driya jêng sultan | rinasa karasèng galih | wusana pinupus ing tyas | yèn wus takdiring Hyang Widi | roncene tan winarni | sêmana Kyagêng Mêtarum | wus mantuk sawadyanya | marang nêgari Mêtawis | praptèng wisma wêwarta mring rabinira ||

61. wirayate sang pandhita | kang garwa suka kang galih | tuwin pra putra sêntana | miyarsa sokur ing Widi | sêmana ing Mêtawis | sangsaya sru arjanipun | gêmahe lir nêgara | ayêm tyase kang wadya lit | murah sandhang tulus kang tinandur samya ||

62. ya ta Ki Agêng Mêtaram | anuju dina sawiji | kesah datan mawi rewang | yun panggih Ki Agêng Giring | ya ta wau winarni | Ki Agêng Giring winuwus | lagya babad nèng alas | nulya rawuh Sunan Kali | Kyagêng Giring sêksana angraup pada ||

63. Jêng Sunan Kali ngandika | wruhanta wit krambil iki | uwohira duk dumêgan | pan iya amung sawiji | sapa ngumbe kang warih | dèn têlasa dêgan iku | lah

--- 1 : 264 ---

iya wruhanira | saturun-turune benjing | kang duwèni nêgara ing tanah Jawa ||

64. Jêng Sunan Kali gya musna | Ki Agêng Giring ningali | uwit kêlapa satunggal | sajroning babad anênggih | uwohe mung sawiji | sêksana dèn pènèk gupuh | dêgan nulya ingalap | sapraptanira ing siti | lajêng kundur sapraptaning wismanira ||

65. dêgan lajêng pinacakan | sinèlèh ing bale jawi | ki agêng anulya kesah | siram dhumatêng ing kali | yèn prapta saking kali | kang toya sêdya inginum | Ki Agêng Giring kesah | Ki Agêng Mêtaram prapti | lênggah bale kang dêgan sigra cinandhak ||

66. inginum toyane têlas | sêksana têtanya aris | dhatêng ing pundi ki raka | rabine Ki Giring angling | sawêg dhumatêng kali | wêtawisipun duk adus | bakyu lilah paduka | kawula pan arsa mulih | sigra mêdal wau Ki Agêng Mêtaram ||

67. Kyai Agêng Giring prapta | manjing wisma jujug panti | miyat dêgan toya têlas | tabêt inginum puniki | tanya maring kang rabi | sapa ngumbe dêgan iku | rabinira angucap | wau Ki Agêng Mêtawis | wêtawise anèng ngriku ingkang lênggah ||

68. Ki Agêng Giring gya mêdal | akêbat dènnya nututi | kêcandhak anèng ing marga | Ki Agêng Giring nulya ngling | adhi panêdha mami | inggih benjing turun têlu | Kyai Agêng Mêtaram | eca dènira lumaris | Kyagêng Giring angling benjang turun gangsal ||

69. Kyai

--- 1 : 265 ---

Agêng ing Mêtaram | pan maksih eca lumaris | kyai agêng malih nabda | inggih turun pitu adhi | Kyai Agêng Mêtawis | alon dènira sumaur | kakang wallahu aklam | gaib karsaning Hyang Widi | sigra wangsul Ki Agêng Giring punika ||

70. sira Ki Agêng Mêtaram | kêlangkung wibawa mukti | myang sakulawarganira | sêdaya milu amukti | langkung pinundhi-pundhi | ki agêng mring anak putu | gêng alit wong Mêtaram | anggêpira sami gusti | tuwin marang Kyai Juru ya mangkana ||

71. tan towang ing sabên môngsa | seba mring Pajang nêgari | tur-atur pamêtunira | ing Mêtaram sawarnaning | marang sri narapati | ya ta Ki Agêng Mêtarum | nandhang gêrah kang srira | sampun tumêka ing takdir | Kyai Agêng Mêtaram atilar dunya ||

72. kundur dhatêng rahmattullah | gumuruh swaraning tangis | garwa putra myang sêntana | prasami lara anangis | ing solah tan winarni | layon pinalipurna wus | pinêtak ing Mêtaram | kang kari sami prihatin | Kyai Juru Martani milwa sungkawa ||

73. sawusira pitung dina | Kyai Juru Amartani | nimbali sagung pra putra | agêng alit jalu èstri | wus pêpak anèng ngarsi | Kyai Juru ngandika rum | sêdaya putraningwang | payo maring Pajang nagri | tur uninga maring Kangjêng Sultan Pajang ||

74. yèn ramanira palastra | paran karsanya sang aji | sapa ingkang ginêntèkna | ya marang ramanirèki | dadi Gêdhe Mêtawis | bêcik sebaa sêdarum [sêda...]

--- 1 : 266 ---

[...rum] | marang nêgari Pajang | manira ingkang angirid | para putra sêdaya matur sandika ||

75. enjang wus sami busana | sawadyanya amiranti | kang umiring sawêtara | gya budhal saking Mêtawis | gumrêdêg lampahnèki | pangarsa Kiyai Juru | lancaran lampahira | ing marga datan winarni | Kyai Juru wus prapta nêgari Pajang ||

76. lan sakulawarganira | sêmana sri narapati | nuju miyos siniwaka | supênuh wadya ing ngarsi | Ki Juru Amartani | pepe nèng waringin kurung | lan para putranira | tumungkul konjêm ing siti | katingalan dening Kangjêng Sultan Pajang ||

77. ngandika lah iku sapa | kang pepe soring waringin | lah bocah gandhèk dèn agya | priksanên ika wong ngêndi | sandika kang tinuding | nêmbah mundur saking ngayun | prapta waringin kêmbar | kang pepe dinangu sami | dene abdi gandhèk ingkang amariksa ||

78. kisanak kang pepe samya | andika tiyang ing pundi | dene ta saanak rayat | Kyai Juru anauri | kula tiyang Mêtawis | pan inggih andika matur | dhumatêng kangjêng sultan | kula pun Juru Martani | inggih badhe atur wuninga sang nata ||

79. lamun Ki Gêdhe Mêtaram | inggih sampun angêmasi | putrane jalu sêkawan | samyarsa sowan sang aji | dika atur upêksi | dhatêng gusti sang aprabu | wong gandhèk wangsul nulya | marang ngarsane sang aji | matur nêmbah kawula sampun dinuta ||

80. mariksa kang pepe samya | pan inggih [ing...]

--- 1 : 267 ---

[...gih] aturirèki | Kyai Juru ing Mêtaram | inggih badhe tur udani | dhumatêng paduka ji | lamun kadange wus lampus | anênggih ingkang nama | Kiyai Agêng Mêtawis | duk miyarsa sira jêng sultan ing Pajang ||

81. kêlangkung ngungun ing driya | sigra kinèn animbali | Kyai Juru saputranya | tan dangu prapta ing ngarsi | wusnya sami tur bêkti | Kyai Juru sigra matur | purwa madya wusana | wus katur sêdaya sami | kangjêng sultan aris pangandikanira ||

82. lah iya satilarira | ki raka Gêdhe Mêtawis | kang pantês anggêntènana | ya sutèngsun Si Ngabèi | Loring Pasar kang wajib | têtêpa anèng Mêtarum | gêntèni ramanira | ingsun paringi wêwangi | Senapati Ngalaga dene ta sira ||

83. sun pitaya angêmonga | ya marang sutanirèki | pan sira katêmpuh tuwa | anèng Mêtaram samangkin | aywa seba rumiyin | yèn durung jangkêp sêtaun | muriha arjanira | dhukuhira ing Mêtawis | dimèn têntrêm putranta lipur ing brôngta ||

48. Asmaradana

1. jêng sultan kasmaran ngèksi | mring wanodya randhanira | Kyai Agêng Mêtarame | garwa kang anom pribadya | apan dèrèng pêputra | karsanya mangke pinundhut | Ki Juru èmêng ing driya ||

2. wusana sumanggèng kapti | ajrih kêlamun matura | datan winarna solahe | Ki Juru lan para putra | pamit arsa mantuka | marang nêgari Mêtarum | kalilan mundur sing ngarsa ||

3. Tumênggung Mayang ing mangkin [mangki...]

--- 1 : 268 ---

[...n] | kêdah tumut nèng Mêtaram | lawan sagarwa putrane | nging kang raka Senaptya | sangêt pamênggakira | piturutên ujar ingsun | aywa milu mring Mêtaram ||

4. ya ta enjangira nuli | Ki Juru saputranira | sêdaya budhalan age | ing marga datan winarna | wus prapta ing Mêtaram | Senapati lan Ki Juru | kêlangkung mukti wibawa ||

5. sangsaya arjanirèki | Mêtaram gêmah aripah | wus kadi nêgara gêdhe | kunêng malih kang winarna | sira Tumênggung Mayang | putranya jalu abagus | pêparab Radèn Pabelan ||

6. nanging balunthah tyasnèki | tinari krama tan arsa | langkung bêlasar tindake | dènnya karêm ing wanodya | tan pilih kang utama | sadhengah wadon kinayun | kang rama langkung sungkawa ||

7. baguse datanpa tandhing | ing Pajang tan ana memba | Radèn Pabelan warnane | nanging tyasira tan lana | kang rama langkung susah | myat tingkahe sutanipun | suka tumêkèng palastra ||

8. dahat pakèwêd ing galih | sira Ki Tumênggung Mayang | sampun kapanggih ciptane | ingkang putra tinimbalan | tan dangu praptèng ngarsa | kang rama ngandika arum | marmane sira sun undang ||

9. wus diwasa sira kaki | sêdhênge amangun krama | aja manggung lamban bae | iya kulup amiliha | sutaning pra dipatya | ing Pajang sêdayanipun | êndi sênênge tyasira ||

10. ingsun ingkang minangkani | kang putra umatur nêmbah | anuwun duka samangke | dèrèng darbe cipta krama |

--- 1 : 269 ---

wikaning têmbenira | kang rama ngandika asru | aywa mangkono nak ingwang ||

11. yèn kabanjur sira kaki | gonmu karêm ambêlasar | dadi tan bêcik ucape | ywa ambodhokkên wong tuwa | manira pan wus wikan | marang pratingkahirèku | dene yèn sira amêksa ||

12. tan miturut karsa mami | lah ta aja tanggung pisan | bêgja urip bêgja layon | iya kêlamun manira | angur baya ngaraha | marang putrane sang prabu | Kusuma Sêkaring Pura ||

13. iya yèn kêlakon kaki | sang putri asih mring sira | nadyan kawênangan dene | iya marang sri narendra | yèn ana bêgjanira | ingapura mring sang prabu | awit pamothahing putra ||

14. sênadyan tumêkèng pati | tan kuciwa loking jana | pantês dèn êtohi layon | Kusuma Sêkaring Pura | wêwangi karêmira | lah sira mênyanga kulup | iki sun gawani sêkar ||

15. argulo gambir mêlathi | saconthong sira ngadhanga | ing marga parapatane | yèn ana parêkan liwat | dutane sang kusuma | nuli aturêna iku | dèn rêmpit pratingkahira ||

16. kang putra sandika nuli | puspita wus tinampanan | nêmbah mundur sing ngarsane | rêrikatan lampahira | wus prapta galedhegan | radèn kèndêl nganguk-anguk | nulya na wadon lumampah ||

17. pribadi saking jro puri | ni êmban arsa mring pasar | pinêrpêkan mring rahadèn | wus parêk radèn têtanya | dika kèndêl sakêdhap | sampun dadya [da...]

--- 1 : 270 ---

[...dya] tyasirèku | manira ayun têtanya ||

18. andika punika nyai | punapa abdi jro pura | ni êmban aris ature | pan inggih anggèr kawula | won-awon êmbanira | Sang Dyah Sêkaring Kêdhatun | lampah kawula dinuta ||

19. mring pasar atumbas sari | gambir mêlathi cêpaka | rahadèn garjita tyase | dadya aris angandika | ni êmban yèn sêmbada | kawula nyaosi santun | sampun susah dika tumbas ||

20. punika aturna gusti | saconthong awarna-warna | ni êmban suka driyane | kang sêkar nulya tinampan | sarwi aris têtanya | mangke yèn ulun dinangu | paduka sintên sinambat ||

21. rahadèn ngandika aris | yèn dika tanya maringwang | Radèn Pabelan ran ingong | putrane Tumênggung Mayang | ngong sutane kang tuwa | ni êmban suka tyasipun | tumon baguse rahadyan ||

22. ni êmban micarèng ati | baya iki raganira | kang dadya kondhanging ngakèh | para dyah jroning kêdhatyan | samya kasmaran warta | satuhu kêlamun bagus | pantês lamun kinedanan ||

23. andika kundur wong sigit | kawula wangsul mring pura | angaturakên sêkare | Radèn Pabelan gya mentar | lan ni mban kur-ungkuran | tan winarna lampahipun | radèn wus prapta ing wisma ||

24. lajêng marêk mring sudarmi | Tumênggung Mayang pinarak | kang putra nulya ingawe | rahadèn majêng wotsêkar | ki tumênggung ngandika | paran lakunira kulup [kulu...]

--- 1 : 271 ---

[...p] | kang putra matur anêmbah ||

25. inggih sampun dèn tampèni | dhatêng êmbane sang rêtna | binêkta malbèng kêdhaton | kang rama malih ngandika | lamun tulus katampan | mring sang rêtna adatipun | banjur kasmaran mring sira ||

26. yèn anggêpok sêrat mami | adat tumuli utusan | arsa katêmua dhewe | mangkono lamun katrima | iya sarat manira | yèn sira ngandikan kulup | iya banjur têkanana ||

27. kêlamun sira wus panggih | ya banjur ajakên mêdal | anggêr wus tiba trisnane | mring sira nora sumêlang | nadyan ana kang malang | pra kadang santananipun | iya nora dadi apa ||

28. ingkang putra anyagahi | gantya warnanên jro pura | Kusuma Sêkar Kêdhaton | lagya siniwèng pawongan | manganti dutanira | ni êmban tan dangu rawuh | ambêkta conthongan sêkar ||

29. gupuh umatur ing gusti | kawula sampun dinuta | mring pêkên numbas sêkare | inggih wus prapta ing pasar | sêpên tan wontên jalma | ingkang wade puspita rum | dadyamba wangsul kewala ||

30. sarêng ulun praptèng kori | galedhegan pan kapapag | satriya di bagus anom | ambêkta conthongan sêkar | tanya lampah kawula | sarêng kawula umatur | sêkar pinaringkên kula ||

31. supados katur ing gusti | pan punika sêkarira | sang rêtna kumêpyur tyase | paran karsanira biyang | dene sira atômpa | tan karuwan ingkang asung | wisma tuwin aranira ||

--- 1 : 272 ---

32. ni êmban umatur aris | pan inggih pêngakênira | satriya kang bagus anom | wasta Rahadèn Pabelan | putra Tumênggung Mayang | kang dadya kondhanging kidung | yêktos yèn bagus taruna ||

33. sang rêtna mèsêm nampani | conthong puspita binuka | kongas ruming puspitane | anrus tumanêm ing driya | wontên siji cêpaka | binuntêl ing sêratipun | gya cinandhak kang nuwala ||

34. binuka sinuksmèng galih | kadhadha surasanira | langkung mlasasih têmbunge | ya ta kusumaning pura | wusnya maos nuwala | kadadak kasmaran têmbung | lir kênèng guna wisaya ||

35. lênglênging tyas poyang-paying | wusana aris ngandika | biyung êmban kaya priye | ingkang dadya karêpira | iku Radèn Pabelan | surasane layangipun | arsa panggih lan manira ||

36. têmbunge amêlasasih | iya mêngko karsaningwang | nuli aturana age | mring jro pura sirêp jalma | yèn tuhu karsanira | sun cêcadhang burat arum | umanjinga jroning pura ||

37. ni êmban umatur aris | lamun mêkatên ing karsa | kawula mêdal samangke | manggihi Radèn Pabelan | iya dèn rêmpit biyang | kang samar aja na wong wruh | marang punggawa ing Pajang ||

38. ni êmban nêmbah gya mijil | anjujug ing galedhegan | gya panggih lawan rahadèn | wus dhinawuhkên sêdaya | karsane sang lir rêtna | Rahadèn Pabelan saguh | ni êmban wangsul mring pura ||

39. rikat lampahnya

--- 1 : 273 ---

bok nyai | sêmana Radèn Pabelan | nulya kundur age-age | prapta wisma panggih lawan | rama Tumênggung Mayang | wus katur saaturipun | kang rama suka ing driya ||

40. iya sokur yèn kadyèki | mêngko bêngi malêbua | nging aja mêtu korine | samar mênawa kawruhan | wadya jro ingkang jaga | kang putra nulya winuruk | ngèlmu ngusap pagêr bata ||

41. ingkang putra wus nampani | sawulange ingkang rama | sarêng wanci sirêp rare | ki tumênggung angandika | lah payo putraningwang | sun atêrkên jawi pintu | aja sira walangdriya ||

42. kang putra nulya umiring | sapraptaning jawi bata | kang rama ngandika alon | lah ta payo putraningwang | bata usapên inggal | kang putra sandika gupuh | laleyan nulya ingusap ||

43. wusnya mêndhak radèn nuli | jumangkah manjing jro pura | radèn sawusnya manjing jro | bata ingusap kang rama | mumbul wangsul lir adat | Ki Tumênggung Mayang kundur | warnanên Radèn Pabelan ||

44. anjajah sajroning puri | dangu ngupaya ni êmban | ya ta wau sang lir sinom | lênggah lan para parêkan | nèng jroning yasakambang | tan sare kewala mujung | tan lyan kaciptèng wardaya ||

45. mung kang atur puspita di | putrane Tumênggung Mayang | saguh manjing jro kêdhaton | baya cidra ing ubaya | dene tan ana prapta | ni êmban dinuta mêtu | mara biyung tilikana ||

46. iya marang taman sari | edhangana

--- 1 : 274 ---

bokmênawa | tuhu nêkani marene | ni êmban nêmbah gya mêdal | praptèng sor nagapuspa | Radèn Pabelan wus dangu | andhêdhêp soring puspita ||

47. rahadèn kagyat duk ngèksi | yèn ana parêkan prapta | rahadèn ampingan mire | ni êmban sigra anapa | radèn ririh saurnya | inggih pun Pabelan ulun | sêdya nêkani ubaya ||

48. ni êmban gya marêpêki | tan samar pandulunira | ni êmban suka wuwuse | sokur paduka wus prapta | anuhoni ubaya | rayinta Kusumaning Rum | wus dangu angarsa-arsa ||

49. andika kantun ing ngriki | kawula matur sang rêtna | ni êmban gya wangsul age | sapraptaning madeyasa | ni êmban aris turnya | adhuh anggèr gustiningsun | pun Pabelan sampun prapta ||

50. sampun dangu wontên jawi | paran ing karsa paduka | sang rêtna kumêpyur tyase | ngunadika jroning driya | si jênat kinêramat | wong bagus têka kumênthus | wani ngambah jroning pura ||

51. ambêke anglêlanangi | iya paran baya kêna | sun labuhi praptèng layon | dangu ginagas ing driya | ni êmban matur nêmbah | adhuh anggèr gustiningsun | amba cumadhong ing karsa ||

52. duratmaka ingkang prapti | punapa kawula balak | kinèn mijil sing kêdhaton | utawi kinèn lajênga | dhatêng ngarsa paduka | sang rêtna ngandika arum | eman lakune si jênat ||

53. wus kabanjur praptèng puri | bêcik nuli aturana | mênawa putung atine [ati...]

--- 1 : 275 ---

[...ne] | ni êmban nêmbah gya mentar | praptèng sor nagapuspa | wus panggih rahadèn bagus | ni êmban matur sumôngga ||

54. paduka dipun aturi | laju dhatêng yasakambang | sampun kadangon nèng kene | watos lamun kawênangan | dening punggawa langlang | tan wande manggih baya gung | radèn aris aturira ||

55. lah inggih sumôngga nyai | kalangkung ajrih kawula | yèn lênggana ing karsane | Jêng Gusti Sêkaring Pura | wus kerid lampahira | sang rêtna nganti nèng pintu | dupi katingal rahadyan ||

56. sang dyah kumêpyur ing galih | wantune kênya diwasa | lir turasan karingête | minggu tan bisa ngandika | gumêtêr sariranya | rahadèn mêrpêki gupuh | tan dêrana nyandhak asta ||

57. pan sarwi angarih-arih | dhuh gusti pêpujaningwang | wêlasa maring dasihe | sang rêtna atangkis asta | radèn putra mangrêpa | sanadyan tumêkèng lampus | dasihe datan lênggana ||

58. lamun gusti tulus asih | lêbura awor lan kisma | tan gêrantês kawulane | sang dyah kakênan tyasira | kagunturan srênggara | dadya tan sawalèng kayun | sang rêtna nulya ingêmban ||

59. binêkta mring tilamsari | pawongan tangkêp samirnya | datan winarna solahe | wantune putri lan putra | dhasar padha karsanya | nutug dènnya karon lulut | sawusira sacumbana ||

60. rahadèn lawan sang putri | pinarak madyaning tilam | sang rêtna yu matur alon | miyos ing pundi paduka | lêbêtira [lê...]

--- 1 : 276 ---

[...bêtira] mring pura | rahadèn aris umatur | dhuh gusti pêpujan ingwang ||

61. ulun tan mijil ing kori | malumpat ing pagêr bata | rèhning wus ubaya ingong | ajrih lamun malecaa | tan etang pringgabaya | sang rêtna mèsêm umatur | dhuh ing mangke paran karsa ||

62. rèhning wus anggagat enjing | lamun kawruhan ing jalma | tan wande tiwas wong roro | prayoga andika mêdal | mangke dalu wangsula | rahadèn ngandika arum | inggih sumôngga ing karsa ||

63. datan lênggana kang abdi | ing karsa Sang Ruming Pura | sênadyan tumêkèng layon | pan sarwi angaras-aras | kalihe gya tumêdhak | mijil saking tilamarum | sami anjingga nonoman ||

49. Durma

1. sang rêtna yu angatêr jawining lawang | radèn sigra lumaris | prapta pinggir bata | margine duk lêbêtnya | rahadèn gya matêk aji | paringing rama | sawusira anuli ||

2. pagêr bata ingusap kongsi ping tiga | wanti-wanti tan gigrig | langkung ngungun ing tyas | sira Radèn Pabelan | dènnya ngèlmune tan mandi | kaku tyasira | cipta tumêkèng pati ||

3. iya lamun kauningan kangjêng sultan | mangkana siking galih | Rahadèn Pabelan | nadyan ingsun matia | kalamun barêng sang putri | Sêkaring Pura | radyan gya wangsul maring ||

4. yasakambang kagyat sang rêtna tumingal | umatur mring sang pêkik | paran marmanira | tan laju wêdalira | rahadèn aris nauri | dhuh gustiningwang | ratu-ratuning [ratu-...]

--- 1 : 277 ---

[...ratuning] manis ||

5. sayêktine kawula tan bêtah pisah | lawan sira mas gusti | dèrèng marêm kula | miyat mêmanisira | sang rêtna mèsêm nauri | suwawi inggal | manjinga tilamsari ||

6. sampun siyang mênawa mangke kawruhan | dening wadya kang jagi | radèn manjing sigra | wus tangkêp samirira | sêmana pawongan sami | lajêng rêmbagan | lawan rowangirèki ||

7. kayaparan pratingkahe gustinira | wus têtela kadyèki | lamun tan matura | ya marang kangjêng sultan | saiba dukanirèki | mring kang rumêksa | katon tiwasirèki ||

8. para cèthi wus rêmbag samya umangkat | marang ngarsaning gusti | sêmana jêng sultan | duk lênggah ing pêndhapa | kagyat praptanirèng cèthi | sarwi karuna | sang nata ngandika ris ||

9. ana paran de prapta padha karuna | padha matura nuli | pawongan tur sêmbasêmbah | kawula atur tiwas | gèn amba rumêksèng gusti | putra paduka | Risang Sêkaring Puri ||

10. mangkya wanuh lawan Rahadèn Pabelan | putrèng Mayang Dipati | wus anunggal karsa | mangkya maksih nèng pura | langkung tiwase kang abdi | gènnya rumêksa | dhatêng gusti sang putri ||

11. sri narendra duk myarsa turing pawongan | jaja lir wora-wari | kumêjot lathinya | pratôndha sangêt duka | angawêt soca magêni | anggigit waja | pangandikanya wêngis ||

12. hèh pawongan timbalana wong tamtama | ingkang jaga nêgari | lurah sajajarnya | kon miranti gêgaman | kang

--- 1 : 278 ---

dinuta mentar aglis | praptèng paseban | panggih lurah kang jagi ||

13. sakancane sampun ingirid mangarsa | Ngabèi Surakêrti | lawan Suranata | kalihira wus prapta | ing ngabyantara nêrpati | gya dhinawuhan | hèh sira Surakêrti ||

14. sakancamu cêkêlên maling aguna | sing saba jroning puri | poma dèn kacandhak | yèn bôngga rampungana | tigasên murdanirèki | aturna mringwang | sandika kang tinuding ||

15. lurah kalih ambêkta wong kalih dasa | sikêp kêprabon jurit | samya wong prawira | sapraptanirèng pura | anjujug gèning sang putri | Ngabèi Sura- | kêrti ngintip ing jawi ||

16. datan samar kêlamun Radèn Pabelan | ingkang nunggil sang putri | nèng jroning paprêman | Surakêrti gya ngucap | dhuh anak ingsun wong sigit | paran karsanta | têka anggenjah pati ||

17. wani ngrusak sêsêngkêrane sang nata | nging radèn tan nauri | eca rêrangkulan | ciptanirèng wardaya | mati barênga sang putri | èmêng tyasira | Ngabèi Surakêrti ||

18. dene Radèn Pabelan tansah bondhetan | kêlawan sang rêtna di | pakèwêd dènnyarsa | anyêpêng duratmaka | sêmana Ki Surakêrti | osiking driya | akarya wuwus lamis ||

19. dhuh sutèngsun Pabelan kêlamun sira | tuhu sih mring sang putri | aywa walangdriya | turutên ujar ingwang | manira ingkang ngalingi | mring dosanira | yèn ana dukèng aji ||

20. iya aku ingkang nuwunkên ngapura [ngapu...]

--- 1 : 279 ---

[...ra] | sayêkti lamun lilih | dukane jêng sultan | ya ta Radèn Pabelan | myarsa linge Surakêrti | asrêp tyasira | nyana lamun sayêkti ||

21. dadya wudhar dènira arêrangkulan | Dyan Pabelan gya mijil | karsanya rahadyan | pan arsa ngabêktia | mring Ngabèi Surakêrti | minta aksama | sapraptanirèng jawi ||

22. Surakêrti ngêjèpi mring kancanira | wadya tamtama nuli | barêng anêrajang | mêrjaya mring rahadyan | saking ngarsa saking wuri | pêdhang kalewang | talêmpak tumbak kêris ||

23. datan bisa malês Rahadèn Pabelan | jur amoh rontang-ranting | Sang Rêtnaningpura | sangêt dènnya karuna | wus katur maring sang aji | yèn duratmaka | kacandhak angêmasi ||

24. kuwandanya binuwang kali Nglaweyan | têtela malingnèki | Rahadèn Pabelan | putra Tumênggung Mayang | èsmu kaduwung ing galih | ing sanalika | kasusu sruning runtik ||

25. ya ta wau sira Ki Tumênggung Mayang | myarsa yèn putra lalis | anèng jro kadhatyan | jur amoh kuwandanya | sirna labêting priyayi | osiking driya | arsa atur udani ||

26. mring kang raka Senapati ing Ngalaga | patine putranèki | sampun karya surat | gya miji abdinira | dinuta maring Mêtawis | arêrikatan | ing marga tan winarni ||

27. dutanira sampun prapta ing Mataram | panggih lan Senapati | surat wus tinampan | binuka sinuksmèng tyas | kadriya raosing tulis |

--- 1 : 280 ---

Sang Senapatya | langkung ngungun ing galih ||

28. katon lamun siya-siya Sultan Pajang | mring pulunanirèki | dhasar Senapatya | wus lami datan seba | maring ing Pajang nagari | tyas wus anjarag | amrih duka sang aji ||

29. niyatira pan arsa ngrêbat nêgara | nging Ki Juru Martani | sangêt pamalangnya | pinrih ngantia môngsa | wêktu karsaning Hyang Widi | Sang Senapatya | ginunturan mêmanis ||

50. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Ki Tumênggung Mayang | kang èstri ika arine | Senapati Mêtarum | Ki Tumênggung Mayang pan mantri- | nira Jêng Sultan Pajang | pan angsal babêndu | tinundhung marang Sêmarang | mantri satus ingkang kinèn ngiring sami | maring Tumênggung Mayang ||

2. kunêng gantya winuwusa malih | Kangjêng Sultan Pajang kang winarna | lagya siniwèng wadyane | ambêlabar supênuh | warna-warna busanèng dasih | lir panjrahing puspita | sri sênên dinulu | jêng sultan aris ngandika | mring Tumênggung Wilamarta lan Wuragil | sutèngsun Senapatya ||

3. kaya wus lawas antaranèki | gone nora seba marang Pajang | andungkap rong warsa kiye | arsa mandayèng wuwus | iya marang jangjine nguni | Wuragil Wilamarta | manêmbah umatur | inggih lêrês sabda tuwan | pan kawula gusti amidhangêt warti | putranta Senapatya ||

4. wus ambangun kitha ing Mêtawis | kadya niyat balela ing nata | sampun kathah prajurite | duk myarsa sang aprabu | langkung ngungun ngandika aris [ari...]

--- 1 : 281 ---

[...s] | lamun kaya mangkana | pariksanên gupuh | iya marang ing Mêtaram | apa nyata kaya ujarira iki | gampang yèn wus pratela ||

5. sira dhewe lumakua nuli | aywa akèh anggawa punggawa | lakua lancaran bae | sandika kang tinuduh | nêmbah mundur saking ngarsa ji | sigra budhal kalihnya | wahana kuda gung | ing marga datan winarna | lampahira ing Mêtaram sampun prapti | panggih lan Senapatya ||

6. Wilamarta andhawuhkên aglis | sutèng ulun kaki Senapatya | kawula ingutus mangke | ing ramanta sang prabu | jêngandika dipun timbali | mring Pajang de wus lama | tan sumiwèng prabu | angewahi prajangjian | paran ingkang dadya ardayaning kapti | karya sêmanging driya ||

7. Senapati mèsêm anauri | umatura marang kangjêng sultan | ulun tinimbalan mangke | inggih sandika ulun | kangjêng sultan karsa marèni | angalap sutanira | lawan garwanipun | mangan nginum kinèn bucal | amarèni apa kêna ulun maksih | doyan nginum mêmangan ||

8. ingsun kinon akurisa nênggih | dene sultan kaya apa rema | tuwuh sadawane dhewe | pagene ya cinukur | datan ana salahirèki | Wilamarta matura | marang sang aprabu | yèn mangkono atur ingwang | Wilamarta Wuragil ngungun ing galih | inggih lamun mangkana ||

9. ulun mantuk umatur ing aji | Ki Wuragil lawan Wilamarta | gêgancangan ing lampahe | prapta ing Pajang sampun |

--- 1 : 282 ---

laju marêk ngarsaning aji | sampun katur sêdaya | kang putra turipun | jêng sultan ngungun ing driya | myarsa ture ingkang putra Senapati | têtela yun balela ||

10. kunêng gantya winuwusa malih | Mêtaram Senapati Ngalaga | pinarak anèng purane | angadhêp Kyai Juru | Amartani gung mituturi | dhuh anggèr putraningwang | paran karsanipun | sira kulup tinimbalan | mring jêng sultan sira tan seba tumuli | tan wurung nêmu dosa ||

11. wong marêngkang karsaning nêrpati | upamane kulup sira arsa | angrêbut ing Pajang mangke | apa margane unggul | arsa mungsuh sri narapati | Sultan Pajang kuwasa | prawira dibya nung | ing nguni apan cinidra | ing dutane Arya Jipang tur sang aji | kapanggih lagya nendra ||

12. kajinêman prapta anuduki | datan môntra tumamèng sarira | eca dènira asare | kampuhira tan butul | sagung para garwa samyanjrit | jêng sultan pinêrbutan | kapita gya wungu | tumingal pra garwanira | sru karuna anyipta sang nata kanin | tan wruh yèn eca nendra ||

13. lawan iku wadyanira kaki | wong Mêtaram gêng alit kèhira | dêstun mung sèwu cacahe | arsa nglawan prangipun | marang wadya Pajang nêgari | sapa dèn andêlêna | tan wun rêmak rêmpu | apan dudu timbangira | wong Mêtaram uyah sawuku upami | ing Pajang pan samodra ||

14. lagya wadyane putranirèki | prajurite Pangeran Bênawa | layak têlung èwu

--- 1 : 283 ---

luwèh | pan durung para mantu | Adipati ing Dêmak nênggih | punggawane salêksa | lawan malihipun | sira Sang Dipati Tuban | sangang èwu punggawane sura sêkti | seje arahanira ||

15. adipati ing Bantên ki bayi | pitung èwu wadyane sêdaya | tatal prawira yudane | wadya Mêtaram iku | pama sarêm malbèng jêladri | apa dèn andêlêna | têmah ajur mumur | pama timun mungsuh durywan | kaya priye upama api sapêlik | kaguntur drêsing udan ||

16. ilang kulup rasane tyas mami | yèn sira prang lawan ratu liya | sapuluh Pajang gêdhene | kèha prajuritipun | myang dibyane mungsuhirèki | kaya nora sumêlang | pan wus jamakipun | rêbut unggul ing ayuda | mênang ngukup kalah kaboyong ajurit | wus jamake satriya ||

17. dene sira wus pinêca nguni | iya marang Kangjêng Sunan Ngarga | sira mêngku praja kabèh | tumurun mring nak putu | kabèh mêngku ing nungsa Jawi | iku wirayatira | babo putraningsun | sarèhêna nalanira | ywa kasusu lamun kasiku ing Widi | arsa mungsuh jêng sultan ||

18. iya kulup rasane tyas mami | lamun sira mungsuh Sultan Pajang | tri prakara kainane | kang dhingin mungsuh guru | kapindhone amungsuh gusti | kaping tri mungsuh bapa | iya nadyan iku | dudu kang yoga ing sira | nanging sira kinêmpit sangkaning alit | kongsi praptèng diwasa ||

19. lawan dadi gurunira kaki | apan sira

--- 1 : 284 ---

winuruk agama | timur kongsi akil balèg | tata sarengat rampung | angungkuli putra pribadi | paran wêwalêsira | mring ramanirèku | wit sira duwe nêgara | ing Mêtaram tan liya saking sang aji | lah mara rasakêna ||

20. Senapati karasa ing galih | amiyarsa ngandikaning rama | Kyai Juru Martanine | Senapati tumungkul | dangu datan sagêd mangsuli | wuruke ingkang rama | rinasa tan luput | kungkulan ing kaluhuran | tan suwala nanging adrêng ing panggalih | dadya aris turira ||

21. ulun matur ing paduka mangkin | kadospundi ing karsa samangkya | Ki Juru aris saure | têdhanên mring Hyang Agung | êningêna ciptanirèki | aja nganggo kaworan | pênggawene nêpsu | ulihna marang kang karya | kang amuji kêlawan ingkang pinuji | iku sira dèn pana ||

22. nyatakêna paningalmu kaki | lah têdhanên nêgara ing Pajang | rat Jawa ngidhêpa kabèh | sakutu kang tumuwuh | titahing Hyang kang sinung urip | muga sira gumantya | amêngku kêprabun | gumanti nata ing Pajang | lamun têmên tinêmênan ing sakapti | marang Kang Murbèng Gêsang ||

23. Kyai Juru angandika malih | sun têtêdha sira mring Hyang Suksma | dadia ratu ing têmbe | anggêntènana besuk | kaprabone ramanta kaki | dadi pangidhêpira | sagung para ratu | kabèh ngidhêpa ing sira | nanging mêngko sabarêna tyasirèki | ngantia karsaning Hyang ||

24. dèn arêsik ciptanira kaki | panêdhamu [panê...]

--- 1 : 285 ---

[...dhamu] mring nêgara Pajang | ya maring Kang Murbèng Ing Rèh | dene doh parêkipun | iku mungguh kawula gusti | adoh tanpa wangênan | yèn parêk puniku | iya datanpa gêpokan | kang sanyata lir gula kêlawan manis | tan kêni yèn pisaha ||

25. iya kulup ing panduga mami | lamun sira tulus sungkêmira | mring ramanira sang katong | kaya-kaya tan wurung | lamun sultan wis têkèng lalis | tan ana sayogyanya | kang mêngku kêprabun | sira sutane kang tuwa | nadyan dudu gone ayoga pribadi | nanging wajib gumantya ||

26. Kyai Juru kèh wulangirèki | lair batin wus wutah sêdaya | kang putra padhang driyane | nanging tan sudèng kayun | gung bojana ing siyang ratri | sagunge pamajêgan | kang arsa malêbu | marang nêgara ing Pajang | tur upêkti sêdaya dipun andhêgi | kumpul anèng Mêtaram ||

27. sabên ari akathah kang prapti | nèng Mêtaram binoja drawina | sinarudhah sakarsane | kasukan siyang dalu | pan sêdaya pinèt tyasnèki | marang Ki Senapatya | jrih asih sumungku | saguh labuh jiwa raga | tan kumêdhèp tinêmpuhna ing ajurit | amungsuh mantri Pajang ||

28. kang wus turu ngatingalkên sami | guna tuwin kaprawiranira | tuwin jaya digdayane | sêdaya aturipun | ngong tan èstu tur bulubêkti | dhatêng nagari Pajang | langkung sae katur | dhatêng paduka kewala | Senapati ngandika arum amanis | kabèh ingsun tarima [tari...]

--- 1 : 286 ---

[...ma] ||

29. ing prasêtyanira marang mami | benjang lamun seba marang Pajang | barêng lan manira bae | yèn ana dukanipun | kangjêng sultan ing Pajang benjing | manira ingkang nôngga | paukumanipun | para mantri pamajêgan | pan sêdaya dahat sukanirèng galih | wuwuh sumungkêmira ||

30. tan winarna rêroncènirèki | ingkang seba wus kinèn bubaran | Senapati kundur age | gantya malih winuwus | Kyai Bocor karsanirèki | pan arsa ngayonana | ing kadibyanipun | Senapati ing Mêtaram | datan kêna ingampah driyanirèki | Kyai Bocor sêmana ||

31. micarèng tyas nora talah mangkin | para mantri tuwin pamajêgan | têka bangêt sumungkême | mring Senapati iku | kapiluyu dibyanirèki | karoban bojakrama | saguh wani mungsuh | aprang lawan Sultan Pajang | paran baya kang dèn andêlakên sami | dêstun wong tanpa ngrasa ||

32. durung lêga rasane tyas mami | lamun ingsun durung ngayonana | Senapati kadibyane | dene ta pêksa luhung | datan wêruh sariranèki | apa kulit têmbaga | abêbalung prunggu | otot rante miwah kawat | lamun ora pasah iki kêris mami | ingsun gêlêm ngawula ||

33. anêmbaha marang Senapati | yèn tan mêngkono ngong durung wêgah | anadhahi sagêndhinge | saya drêng karsanipun | Kyai Bocor dhuwungirèki | Kêbo Dhêngên wastanya | landhêp tatal ampuh |

--- 1 : 287 ---

ya ta sawusnya mangkana | Kyai Bocor mangkat sing wismanirèki | lajêng manjing jro pura ||

34. wadya ingkang sami jaga kori | datan ana ingkang munasika | marang Ki Bocor lampahe | Senapati pinuju | lênggah dhahar ngungkurkên kori | Ki Bocor awas mulat | gya nêrajang gupuh | Senapati pinarjaya | wanti-wanti eca dhahar datan olih | Ki Bocor kongsi sayah ||

35. kênèng wulu sigar kang pucuk kris | Kyai Bocor ambruk tibèng lêmah | karungkêb asru tibane | sariranya marlêsu | sarwi muwus angasih-asih | mêgap-mêgap sêsambat | minta apurèku | Panêmbahan Senapatya | langkung kagyat nolih wuri sarwi angling | kakang wontên punapa ||

36. dene têka sumungkêm ing siti | awêcaa paran karsanira | Kyai Bocor lon ature | kawula nuwun bêndu | dene arsa gih kumawani | angayoni paduka | mangkya nuwun maklum | sumôngga sakarsa tuwan | pêjah gêsang kawula katura mangkin | inggih dhatêng paduka ||

37. Senapati angandika aris | inggih kakang sampun walangdriya | anuli mantuka age | Ki Bocor sigra mundur | Senapati kesah tumuli | nglêlana mêsu cipta | Nglipura jinujug | ana watu kumalasa | gêng sagajah Senapati gya alinggih | pitêkur têngah sela ||

38. isthanira lir anunggang èsthi | irênge sela wus kadya gajah | roning pandhan ing têpine | kadya pêlananipun | suluring kang pandhan kang

--- 1 : 288 ---

putih | saingga gadhingira | tumêlung ing banyu | Senapati nglês tyasira | laju nendra nèng luhuring sela langking | tan etung pringgabaya ||

39. ya ta wau Ki Juru Martani | anèng wisma tyasira karasa | têngah dalu ing wayahe | sira Kiyai Juru | karsanira mring dalêm puri | prapta jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh kônca kang tunggu lawang | Senapati mangkya pinarak ing pundi | matur ingkang tinanya ||

40. inggih gusti wau sontên mijil | sampun dangu mêdale putranta | ulun tan wikan puruge | Kyai Juru gya wangsul | laju arsa ngulati siwi | anjujug ing Nglipura | tan adangu rawuh | wus kapanggih ingkang putra | Senapati lagya sakeca aguling | anèng sela gêgilang ||

41. Kyai Juru Martani ngling aris | sutèng ulun kaki Senapatya | têka pijêr eca sare | sêmana Kyai Juru | aningali luhurirèki | ana lintang gumêbyar | lir baskara murub | agêngira sakêlapa | nèng luhure Senapati dènnya guling | Ki Juru ngungun ing tyas ||

42. eram mulat lintang gêngirèki | ingkang putra anulya ginugah | dhuh kulup tangia age | têka eca aturu | lah dulunên luhurirèki | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal ing luhurira | Senapati mojar apa katon iki | mêncorong luhur ingwang ||

43. ponang lintang anauri aris | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah sira mangke | gonira amanêkung | amaladi sêmèdi [sê...]

--- 1 : 289 ---

[...mèdi] êning | anêgês karsaning Hyang | Kang Murwèng Pandulu | wus sêdhênge luwarana | mangkya sira uwus tinarimèng Widi | prapta sasêdyanira ||

44. besuk sira jumênêng nêrpati | nèng Mêtaram amêngku rat Jawa | sineba pra ratu kabèh | praptèng turun-tumurun | tulus samya mêngku rat Jawi | dadya pandaming jagad | ing saturun-turun | wus têlas pituturira | ponang lintang musna maring awiyati | Senapati sukèng tyas ||

45. Kyai Juru Amartani angling | dhuh sutèngsun Kyai Senapatya | aja sira mêsthèkake | ujaring lintang iku | ilat lintang sira gondhèli | tan kêna tinagiha | yèn malècèng wuwus | tan liya ingsun lan sira | kang katêmpuh besuk campuhing ajurit | anèng satêngah yuda ||

46. Senapati sandeya ing galih | amiyarsa ngandikaning paman | sangsaya rêntêng galihe | wusana aris matur | kadospundi karsanta mangkin | kawula tan lênggana | paman karsanipun | ulun sadrêmi lumampah | Kyai Juru Martani mèsêm nauri | lah iya sutaningwang ||

47. sira kaki amêsua maning | ya maring sêgara kidul sira | sun mring gunung Mrapi anggèr | nanêdha ing Hyang Agung | ingsun bangêt ing wirang mami | mulat mring mantri Pajang | têmpuhing prang pupuh | kang putra matur sandika | Senapati manêmbah umangkat nuli | ngèli nèng kali Umpak ||

48. lajêng ngèli ramon gèthèk êpring | wontên olor gêng kagila-gila | pun tunggulwulung arane | yèn jalmaa amuwus [a...]

--- 1 : 290 ---

[...muwus] | ing samêngko ingong kêpanggih | ya maring gustiningwang | yèn jalmaa matur | gusti nitiha gigir wang | ulun malês ing kadarman tuwan nguni | sumôngga karsa tuwan ||

49. ponang olor purwanira nguni | Senapati karsa acangkrama | nèng sungapan samodrane | ing kali mas linêbur | siyang dalu awira-wiri | turut kali mangandhap | gya wangsul mandhuwur | karsa amisaya mina | manggih olor nèng sajro warih kaèksi | kagiri-giri gêngnya ||

50. pan kasatan mêntas datan bangkit | pinarbutan marang ing wong kathah | olor gya cinêkêl age | binêkta mêntas sampun | ingaturkên mring Senapati | eram ngungun tumingal | mring olor gêngipun | nulya sinungan busana | ajamang mas kalung mas sinotya adi | mantêsi warnanira ||

51. ponang olor sinungan wêwangi | tunggulwulung wusnya binusanan | nulya inguculkên manèh | lumarap maring ranu | lir andaru lampahirèki | ujwalaning busana | sumorot ngênguwung | saparanira katingal | gêbyar-gêbyar lir kilat barung lan thathit | Senapati sukèng tyas ||

52. Senapati gya angèli malih | nitih olor kandhêg ing sawangan | nèng têpining samodrane | alun sêgara kidul | datan kêndhat swaranirèki | gumaludhug lir gêlap | agolong lir gunung | samodra kadya kinocak | Senapati pitêkur nèng Parangtritis | maladi sêmèdinya ||

53. Senapati datan obah

--- 1 : 291 ---

osik | sampun jumbuh ing paningalira | nora ana sulayane | sampun wêngku-winêngku | ingkang muji lan kang pinuji | sasat sarira suksma | angganya kalimput | nulya prahara gêng prapta | sindhung riwut bayu bajra awor angin | wrêksa gêng-agêng rampal ||

54. lir kinocak toyaning jêladri | molak-malik panas kadi wedang | gègèr mina sakabèhe | molah pating kalubuk | wênèh milar katanggor curi | mina lit kathah pêjah | nèng parang markungkung | gêgisik kadya rinêngga | sruning swara kapyarsa saking jro puri | purane Prabu Kênya ||

55. Ratu Kidul angandika aris | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mangkene | kaya baskara runtuh | dene toya panas lir gêni | sagara lir kinêla | akèh mina lampus | kiyamat sajro samodra | Nyi Ra Kidul sigra umêsat tumuli | saking ing puranira ||

56. lampahira apan kadya thathit | sumaripit lir thathit lumarap | datan kawruhan ing ngakèh | wus prapta ngarsanipun | Senapati nèng têpi tasik | manêkung nungku cipta | wau Nyai Kidul | ngunadika ing wardaya | baya iki kang karya orêging tasik | wusana aris mujar ||

57. amabukuh lênggah anèng ngarsi | dhuh gustiku sotyaning buwana | wêlasa ing samoane | isining samodra gung | lir kiyamat sining jêladri | dhuh sampun sumlang ing tyas | ing karsa pukulun | sêdaya kagungan tuwan | ing sakarsa-karsa paduka pan dadi [da...]

--- 1 : 292 ---

[...di] | nadyan jin pêrayangan ||

58. tanpa damêl tuwan jalma luwih | karya risak ing kagungan tuwan | pan dadya sakarsa angrèh | lamun adarbe kayun | pêrayangan kalawan êjin | têmpuhêna ing karya | adunên prang pupuh | pan dadya sakarsa tuwan | nadyan karsa sineba para ratu jin | pêri myang pêrayangan ||

59. ing sakarsa paduka pan dadi | jêr pinêsthi yèn paduka dadya | pakuning rat Jawa kabèh | bapa babuning ratu | ingkang mêngku ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | rêsêp manahipun | amiyarsa aturira | Nyai Kidul aturira ngasih-asih | kêlangkung wlas ing driya ||

60. gya winudhar ciptanira nênggih | wus waluya isining samodra | sêdaya sukèng driyane | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati lajêng tut wuri | umanjing jro samodra | tan têlês ing ranu | wus prapta kêdhatonira | Senapati angungun sajroning galih | wus samya lênggah tata ||

61. Senapati Ngalaga ningali | patamanan balene kêncana | duk nguni iku purwane | bale iku rinêbut | marang Gathutkaca ing jurit | aprang lawan Anoman | ingkang bale runtuh | tiba têlênging samodra | tinampanan marang Nyai Kidul nguni | pinarnah munggèng taman ||

62. latarira sinêbaran sami | intên mirah mutyara pêkaja | pating galêbyar sunare | tan pae lan swarga gung | anêlahi rêngganing puri | kathil mas sinasotya | alêlèmèk babut | prangwêdani rinênggèng mas | pasarean [pasa...]

--- 1 : 293 ---

[...rean] tuwin palênggahan sami | pinunjul rêngganira ||

63. kori-kori rinêngga mas adi | pucak gapura sinung mutyara | ing kêmbang samaja gênge | lir sunaring sitèngsu | anêlahi sajroning puri | nadyan wêngi lir rina | gunging sotya murub | anyunari patamanan | kêmbang-kêmbang samya jinêmbangan rukmi | sinêling lan sêsotya ||

64. witing sêkar kêncana rinukmi | godhong-godhong sutra pinarada | sêkar karuk myang pêntile | samya mas sinotya gung | kawan dasa ingkang kadyèki | ngandhap sinungan rêca | kêncana pinatut | pindha pêri pêrayangan | catur samya binusanan sarwa adi | lir apsari citranya ||

65. jêruk jirak pijêtan lan manggis | sami andadi nêdhêng wohira | puspita anjrah ngisore | myang wohira kèh runtuh | anggêlasah tumibèng siti | sari kadi jalada | upama lir mêndhung | kinubêngan lir bêngawan | catur kèhe kang dhingin bêngawan warih | pindho bêngawan puwan ||

66. ping tri madu mawar caturnèki | ya ta wau Senapati lênggah | lawan Nyai Kidul jèjèr | pantês lamun dinulu | kadya Kumajaya lan Ratih | tan ana kang kuciwa | warnane sang ayu | salin ping pitu sadina | tuhu lamun pinunjul èstri sabumi | tan ana tumimbanga ||

67. tuwin kadibyanirèng ajurit | datan ana ingkang tumimbanga | Ratu Kidul kasêktène | ngêndi kang tan sebèku | lêlêmbute ing nungswa Jawi | jin pêri pêrayangan | sêdayanya têluk | mring Ratu Kidul [Ki...]

--- 1 : 294 ---

[...dul] kabawah | sabên warsa angaturkên bulubêkti | mring Sang Prabu Wanodya ||

68. ing Lodhaya pan sampun sumiwi | Ratu Gunung Mêrapi aseba | tanapi ratu ing Ngare | Ratu Balêdhug Kuwu | Waringinwok sami anangkil | Roban miwah ing Ayah | ing Waringindhuwur | ing guwa Prau Karêman | Rawa Lobawang tuwin Ratu Dalêpih | sami nungkul sêdaya ||

69. Senapati kasmaran ing galih | miyat marang Sang Prabu Wanodya | amicarèng jro driyane | baya ratuning ayu | kumarane wadon sabumi | nadyan apsari swarga | anyèthia patut | tan pantês jajara lênggah | mring kusuma musthikane ing jêladri | angrêncana wong tapa ||

70. Nyai Kidul amicarèng galih | sun bekane ratu ing Mêtaram | dimèn lali kêratone | mrih kulina jro ranu | pinulut ing kang ulat manis | sang dyah ambuwang tingal | tinanduk tumungkul | kapapan raosing driya | Senapati mèsêm angandika aris | dhuh ratuning kusuma ||

71. ingsun iki nimas apan witning | ayun wikan pasareanira | apa ta baya warnane | Sang Prabu Rara matur | gih sumôngga yèn ayun uning | drêmi têngga kewala | kawula pukulun | sêdaya kagungan tuwan | Senapati astane nulya kinanthi | binêkta mring paprêman ||

72. sapraptane jroning tilamsari | nulya lênggah ajajar kalihan | Senapati ngungun tyase | myat rênggan adiluhung | sinasotya sêdaya [sê...]

--- 1 : 295 ---

[...daya] sami | Senapati ngandika | dhuh gusti wong ayu | sajêg ingsun durung miyat | rêrêngganing kêdhaton pindha swarga di | cacade mung satunggal ||

73. jro kêdhaton sêmunira sêpi | tanpa kakung kurang sêmunira | sang rêtna mèsêm ature | sakeca tanpa kakung | mung anggalih badan pribadi | eca momong sarira | lan ngawulèng kakung | Senapati angandika | ingsun mulat tilamira nimas yayi | kasabêt ing asmara ||

51. Asmaradana

1. kusuma asêmu wingit | tumungkul amiwal tingal | lir madu juruh èsême | Senapati ing Ngalaga | ngrêrêpa marang sang dyah | anuwun jampi katèngsun | Sang Dyah Rara gya kinuswa ||

2. ngandika Sang Prabu Èstri | wong iki arsa punapa | têka gumampang polahe | arsa gêthini-gêthana | kaya dudu narendra | polahe têka ambêsur | wani-wani maring rara ||

3. dene daya-daya iki | gêlêma ngajak mangkana | durung pêpayon janjine | pirabara tukonira | dene gumampangira | sumruwe têka angambung | durung dadi janjinira ||

4. Senapati anauri | wong ayu kêpanggih wuntat | dadi panglarisan bae | Sang Prabu Rara angucap | apan sarwi ngujiwat | mèsêm anglir madu juruh | kaya wong kêkulak kênthang ||

5. nadyan kênthang awak mami | dede kênthang bêborongan | maksih kênthang sandhungane | binakula wong Mêtaram | pêsthi dadi aturan | dadi dhahare

--- 1 : 296 ---

wong agung | kêndhange Sang Prabu Rara ||

6. wuwuse arum amanis | Senapati ing Ngalaga | lir madu juruh wuwuse | wong ayu atur pralaya | yèn dèrèng kajampenan | yêkti pêjah anggèr ingsun | kusuma atur kawula ||

7. dèn gêgêt-gêgêt kang lathi | Senapati ing Ngalaga | tan bisa ngampah nêpsune | maring Dyah Kusuma Rara | ya ta Ki Senapatya | kalimput ngasmara lulut | ya ta kang asta cinandhak ||

8. binêkta maring jinêm mrik | sapraptaning pasarean | sampun tumangkêp samire | sang rêtna alon angucap | dènnya anyêkêl asta | yèn putunga astaningsun | kaya dèn alêm-alêma ||

9. sang rêtna pinongah-pangih | Senapati ciniwêlan | dhuh lae têka mangkene | manahira tan dêrana | sigra dhatêngkên karsa | Ni Kidul sumanggèng kayun | apan sampun tunggal rasa ||

10. Senapati lan sang dèwi | apan sampun karon jiwa | cumbana ing sacampuhe | tan emut purwa duksina | langkung maras tyasira | dene Nyi Kidul tan emut | Senapati angandika ||

11. nulya wau anyangèni | wong ayu gusti nglilira | benjang sun gawe kêdhaton | anèng pinggiring samodra | gon ingsun pêpanggihan | kêlawan sira wong ayu | nulya nglilir Sang Dyah Rara ||

12. gapyuk pinondhong sang dèwi | nulya wau sinucenan | wus suci alon wuwuse | nora suka awak ingwang | ratune wong Mêtaram | ulihêna raraningsun [ra...]

--- 1 : 297 ---

[...raningsun] | yèn tan pulih nora suka ||

13. Senapati yèn nyidrani | môngsa tumuruna benjang | jênênge narendra têmbe | ing sapungkur-pungkurira | Senapati Ngalaga | ngandikane amlasayun | dhuh gusti sampun pinanjang ||

14. yèn anaa ratu gidhib | pinêsthi yèn akir jaman | wong ayu nênggih dalile | ingsun uga tan mangkana | tan yun gingsir ing sira | kaya nora ujar ingsun | yèn Allah anêtêpêna ||

15. sampun dènnya anggêr janji | Senapati lan Dyah Rara | pinêsu ngasmara sare | sinarèkakên sêmana | sang dyah sang liring sêkar | Senapati gya lumungsur | sang dyah kêpati anendra ||

16. dèn wangwang-wangwang kang guling | kasmaran Natèng Mêtaram | dene kêlangkung endahe | Senapati ing Ngalaga | osiking ing wardaya | yèn awèta jênêng ingsun | karêm anèng jro samodra ||

17. kabeka jênêng sun iki | murungakên lêlampahan | anulya tumêdhak age | ing Parangtaritis prapta | Jêng Sunan Kalijaga | nèng Parangtritis wus dangu | Senapati duk tumingal ||

18. mring guru sang maha yêkti | Senapati sigra marak | sumungkêm anèng sukune | ngaturakên kalêpatan | jêng sunan angandika | adhuh anggèr putraningsun | dèn narima takdiring Hyang ||

19. yèn sira yun tulus dadi | pêpakuning tanah Jawa | dèn bangêt sukur Hyang Manon | ywa nurut ing manah arda | angkara puwa-puwa | budia paramarta yu | tulusa [tulu...]

--- 1 : 298 ---

[...sa] umadêg nata ||

20. lamun ngandêlkên sirèki | têguh braja tan tumama | tan têlês malêbu ing we | tan panas malbèng dahana | dadine ta tyasira | ku jubriya lan têkabur | aja mangkono ta sira ||

21. yèn sirarsa madêg aji | para ratu tanah Jawa | pintanên nungkula kabèh | iya kulup marang sira | lah payo mulih agya | apan ingsun arsa wêruh | ing rakite wismanira ||

22. kalihe sarêng lumaris | datan dangu lampahira | prapta nagri Matarame | kangjêng sunan duk tumingal | marang rakite wisma | watêsing cêpurinipun | datan mawi pinagêran ||

23. bèbèk ayam kêbo sapi | datan mawi sinung kandhang | jêng sunan ngandika alon | hèh Ki Jêbèng Senapatya | kaya pa karsanira | iku mangkono karêpmu | têkabur ngandêlkên sira ||

24. sapa kang wani ing mami | marma kêbo sapinira | ingumbar tanpa kandhange | têkabur kêlawan riya | aja mangkono sira | kasiku marang Hyang Agung | dudu budining kadarman ||

25. kang putra dhêku tur bêkti | nalôngsa ing luputira | jêng sunan ngandika alon | marènana ywa mangkana | dèn rumôngsa kawula | lumrahe wong omah iku | ya nganggo pagêr lan jagang ||

26. kêbo sapi dèn kandhangi | rinêksa tur pinathokan | yèn bêngi kancing lawange | yèn wus miranti sêdaya | pasrahna ing Hyang Suksma | aja nganggo tyas têkabur | andhandhang budi tan arja ||

--- 1 : 299 ---

52. Dhandhanggula

1. akaryaa pagêr bata kaki | wadyanira Mataram sêdaya | konên anyithak bata ge | pantêsên wiyaripun | aja ujubriya lan kibir | Senapati Ngalaga | sandika turipun | wus pinaring watêsira | jêng susunan anêlas wulangirèki | marang Ki Senapatya ||

2. kunêng ingkang amangun nêgari | gantya warnanên Jêng Sultan Pajang | lagya siniwèng wadyane | pinarak sitiluhur | pan ingayap pawongan cèthi | wadya putra sêntana | supênuh ing ngayun | neka busananing wadya | ambêlabar lir panjrahing sari-sari | sêmana kangjêng sultan ||

3. angandika mring putranirèki | sutèng ulun Dipati Bênawa | sira lumakua dhewe | kêlawan si tumênggung | iya Môncanêgara tuwin | lawan Dipati Tuban | sandika turipun | anêlika mring Mêtaram | awasêna kakangira Senapati | kaya pa kaanannya ||

4. ingkang putra tur sêmbah nulya mit | mêsat saking ngabyantara nata | gêgancangan ing lampahe | pun pangalasan sèwu | wadya Pajang kang ponang têlik | apan iku mitranya | dhasar tunggal guru | lan Senapati Ngalaga | kinèn mangkat rumiyin dhatêng Matawis | sapraptaning Mataram ||

5. awêwarah marang Senapati | ing Ngalaga lamun Sultan Pajang | nglampahakên utusane | watawis praptanipun | inggih dintên ing benjing enjing | gih Pangeran Bênawa | lawan Ki Tumênggung | Môncanêgara kêlawan | putra mantu sira [si...]

--- 1 : 300 ---

[...ra] Sang Dipati Tubin | sawadyabalanira ||

6. Senapati Ngalaga duk myarsi | gya saningga arsa amêthuka | sampun kandhangan wadya ge | nèng Randhulawang kumpul | wus samêkta budhal tumuli | gêng alit wong Mêtaram | umiring sêdarum | kuda dipôngga myang tundhan | myang sugata wus kandhêg lampahirèki | ana ing Randhulawang ||

7. duta Pajang lampahira prapti | Ngrandhulawang Senapati mulat | mring Pangran Bênawa age | gupuh dènira mêthuk | kalihira onêng ing galih | tundhuk arêrangkulan | kang rayi umatur | kawula puniki kakang | langkung kangên wus lami datan kêpanggih | inggih lawan paduka ||

8. ingsun yayi iya pan kadyèki | luwih bangêt kangênku mring sira | dene lawas tan pêpanggèh | iya lawan sirèku | payo yayi nitiha èsthi | aywa nitih turôngga | ing kene lan ingsun | kang rayi datan lênggana | Senapati ajajar lênggahirèki | lan Pangeran Bênawa ||

9. ingkang rayi gya umatur aris | kakang Senapati lampah amba | ingutus ramanta mangke | inggih rama sang prabu | amiyarsa wartaning dasih | lamun paduka arsa | mungsuh rama prabu | nging ramanta tan pitaya | ujaring wong mila kawula tinuding | angyêktakakên warta ||

10. Senapati angandika aris | môngsa borong ingkang gawe warta | yêkti ramanta sang rajèng | tan susah ingong matur | iya môngsa kilapa maring | ing solah-bawaningwang | lamun ciptaningsun [ciptaningsu...]

--- 1 : 301 ---

[...n] | saisine wong Mataram | nguni mêngko tan rumôngsa andarbèni | nadyan badan manira ||

11. sayêktine kagungan sang aji | kaya priye kalamun manira | nêdya balela ing rajèng | yêkti tan manggih ayu | dèn pracaya ing atur mami | yayi sakarsanira | ana ing Matarum | sêdaya kagunganira | ywa sumêlang yèn ana karsanirèki | rêngkuhên darbèkira ||

12. Adipati Bênawa ngling aris | hèh tumênggung ing Môncanêgara | dadya linyok ing wartane | iya kang gawe atur | ngamandaka marang sang aji | dene iki yêktinya | si kakang rahayu | pratandhane sawadyanya | gêdhe cilik miranti suguhirèki | tuwin pangrêksanira ||

13. sigra lajêng lampahira sami | sawadyane wus praptèng Mataram | nulya manjing ing dalême | wus samya tata lungguh | lawan para tamunya katri | supênuh wadyanira | umarêk ing ngayun | sugata lumadyèng ngarsa | sêkul ulam inuman dhaharan sarwi | amyarsakkên pradôngga ||

14. Adipati Tuban matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika puniku | rêmên miyat wong bêksa rangin | tamèng towok myang pêdhang | Senapati muwus | iya yayi pan mangkana | nanging abdinira wong Mataram lagi | sinaon lan rewangnya ||

15. sang dipati ing Tuban turnya ris | ulun darebabdidarbe abdi tukang bêksa | pinunjul bêksane tamèng | myang towok pêdhangipun | anèng Tuban samya [sa...]

--- 1 : 302 ---

[...mya] linuwih | prakoswa widigdaya | wasis bêksanipun | dadya paguroning kathah | wus kawêntar ngalahkên wong pitung nagri | mangkya ulun sumôngga ||

16. Senapati Ngalaga nauri | mendah baya wongira Mataram | uninga wong bêksa tamèng | ingkang tuhu pinunjul | ngalahakên wong pitung nagri | saiba rêmênira | yèn bisa aniru | mangkya paran umiringa | wadyanira ingkang wignya bêksa rangin | inggih tumut sadaya ||

17. Adipati Tuban ngandika ris | marang abdinira tukang bêksa | lah payo bêksaa tamèng | si kakang arsa dulu | êntèkêna gêlarirèki | sandika kang liningan | gya bêksa mangayun | towok tamènge cinandhak | karya onclang gya binuwang mring wiyati | pan tinadhahan dhadha

18. kang tumingal samyeram ing galih | miyat pratingkahira kang bêksa | sarosa luwês solahe | sudira dhasar têguh | Senapati suka ing galih | sêmana ingkang putra | Dyan Rôngga umatur | bêbisik marang kang rama | kêdah nuwun anglawani bêksa rangin | nanduki wadya Tuban ||

19. Senapati api tan miyarsi | gung jinawil marang ingkang putra | mêksa andrêng panuwune | Dipati Tuban dulu | mring Dyan Rôngga solahirèki | dadya matur ing raka | dhuh kakang puniku | putranta nuwun punapa | Senapati mèsêm angandika aris | pan iku sutanira ||

20. iya kudu mèlu baksa rangin | paripêksa tan wruh ing dêduga | datan rumôngsa awake | arsa nglawan [nglawa...]

--- 1 : 303 ---

[...n] wong sêpuh | Adipati Tuban lingnya ris | dhuh anggèr putraningwang | ywa nglawan sirèku | sun duga durung kuwawa | apan iku wong Tuban wus tanpa tandhing | Dyan Rôngga matur nêmbah ||

21. inggih botên nêdya anandhingi | lingsèn kinarya sinau bêksa | sang dipati èmêng tyase | myat kang putra ambêrung | kadospundi kakang puniki | bok inggih tinurutan | mrih lêga tyasipun | iya kulup abêksaa | hèh wong Tuban apan iku putra mami | ajarên bêksanira ||

22. iya nanging ywa sira têmêni | kang liningan umatur sandika | kang putra ingatag age | Dyan Rôngga sigra maju | tamèng towok agêmirèki | gotong sanga towoknya | tamèng gotong wolu | dhasare waja malela | sang dipati ing Tuban ngungun ningali | mring gamane Dyan Rôngga ||

23. salamine pan dèrèng udani | tamèng towok sêmono gêngira | angunandika driyane | tuhu lamun pinunjul | kayaparan tingkahe mangkin | baya luwih sarosa | Dyan Rôngga puniku | sêmana wiwit ambêksa | Radèn Rôngga tamèng towoke pinusthi | ingumbulkên mring tawang ||

24. tinadhahan ing dhadha lan ngibing | têmpuh lawan bêksane wong Tuban | arame kalaganjure | ganti onclang mandhuwur | towok muluk katon sabibis | tibane tinadhahan | ing jaja myang pupu | surake ambata rêbah | pan kasoran wong Tuban bêksanirèki [bêksani...]

--- 1 : 304 ---

[...rèki] | myang dibya sarosanya ||

25. gawok ing tyas sêdaya wong Tubin | anon bêksane Rahadèn Rôngga | tan môntra kêlamun rare | sang dipati sru muwus | hèh wong Tuban aja sira jrih | lah payo ladènana | Radèn Rôngga iku | apan sarwi kinêjepan | anggarjita wong Tuban sigra nglarihi | marang Rahadèn Rôngga ||

26. kanan kering panyuduke nitir | Radèn Rôngga eca dènnya bêksa | tan rinasa sarirane | kang marjaya saya sru | datan kêndhat sing ngarsa wuri | lir nyuduk wêwayangan | tan gêpok ing wulu | eram kang samya tumingal | sang dipati ing Tuban ngungun ing galih | mring solahe Dyan Rôngga ||

27. radèn putra tan arsa malêsi | maksih eca dènira abêksa | tinêtêpkên wangkingane | Dipati Tuban muwus | Radèn Rôngga malêsa nuli | ywa sumêlang tyasira | aran padha têguh | ingsun wus pracayèng sira | wong ing Tuban nuli walêsên dèn aglis | aran padha paguywan ||

28. Senapati angandika aris | lah ta kulup nuli amalêsa | aja pijêr bêksa bae | Rahadèn Rôngga gupuh | ngajêngakên mungsuhirèki | tamèng lan towokira | sinèlèhkên gupuh | wong Tuban maksih mêrjaya | gya winalês tinapuk mukanirèki | kang sawiji tinêpak ||

29. sirahira sami tibèng siti | ginongsonganginosongan marang kancanira | sangêt kantaka kalihe | sêdaya eram dulu | mring sêktine rahadèn siwi [si...]

--- 1 : 305 ---

[...wi] | giris wadya ing Pajang | myat kadibyanipun | Dyan Rôngga tuhu prawira | wong ing Tuban tautatal guna sêkti | dumadya tanpa guna ||

30. tan winarna rêroncèning kardi | Sang Dipati Bênawa myang Tuban | tuwin Môncanêgarane | sampun pamitan kundur | sawadyane wus budhal sami | ing marga tan winarna | praptèng Pajang sampun | jêng sultan nuju sineba | Sang Dipati Bênawa laju mangarsi | katri konjêm ing kisma ||

31. sang dipati nêmbah matur aris | ulun sampun dinuta mariksa | Senapati pratingkahe | dora kang darbe atur | datan wontên labêtirèki | pun kakang Senapatya | mêthuk prapta ulun | wontên dhusun Randhulawang | sabalane miranti sugata sami | myang sagung pakurmatan ||

32. datan kêndhat ing samargi-margi | kantos prapta ing nagri Mêtaram | botên ewah rêrênggane | inggih salami ulun | nèng Mêtaram ing siyang ratri | agung binojakrama | kasukan anutug | sinarudhah ing sakarsa | wadyabala ing Pajang praptèng pakathik | tan wontên kakirangan ||

33. Ki Tumênggung Amôncanêgari | nêmbah matur yèn pangraos amba | kados yêkti pambalike | pun Senapati nêngguh | nanging alus tingkahirèki | sagêd akarya gêlar | mirapêt ing sêmu | Dipati Tuban tur sêmbah | kados lêrês putranta pun Senapati | ambalik karsanira ||

34. nging wêtawis kawula upami | Senapati lamun pinapasa | ing ayuda [ayu...]

--- 1 : 306 ---

[...da] kados mangke | awrat sêsanggènipun | Senapati sudira sêkti | sabalane prawira | dalah putranipun | pun Rôngga dèrèng diwasa | prawirane angungkuli wong sakêthi | pantês kalokèng jagad ||

35. Sultan Pajang angungun ing galih | amiyarsa ature kang putra | Dipati Bênawa dene | gèsèh ing aturipun | lawan Tuban Môncanêgari | nanging dèrèng pitaya | marang aturipun | Tumênggung Môncanêgara | ing solahe dene kasêktènirèki | Senapati wus nyata ||

36. sun tuturi Senapati nguni | kala bocah lagya munakawan | anujoni ingsun sare | Senapati atunggu | anèng daganingsun aguling | ana têksaka prapta | gêng ngarsa manaut | maring sun nuli pinancas | ing curiga tugêl gulune ngêmasi | tan ana kang uninga ||

37. lawan maning nalikanirèki | ingsun pêpara marang ing wana | mèt kidang mênjangan banthèng | ana banthèng gêng ngamuk | wadyaningsun giris angisis | Senapati apanggah | banthèng ingkang ngamuk | pinokah sungune lena | tan rêkasa samya eram kang ningali | dene durung diwasa ||

38. kunêng ingkang winuwusa malih | kawuwusa Ki Tumênggung Mayang | garwane ika arine | lan Senapati iku | Ki Tumênggung Mayang pan mantri | dinukan mring jêng sultan | ing Pajang tinundhung | marang nêgari Sêmarang | mantri Pajang sèwu dêdamêl kang ngiring | angkate mring Samarang ||

39. garwanya Tumênggung Mayang mangkin |

--- 1 : 307 ---

pan utusan dasih mring Mêtaram | sarwi binêktan surate | rikatan lampahipun | praptèng nagri Mêtaram enjing | panggih lan Senapatya | ponang duta matur | lan ngaturkên suratira | Senapati gupuh anampani tulis | binuka sinuksmèng tyas ||

40. wus kadriya surasaning tulis | yèn kang rayi dinukan jêng sultan | tinundhung mring Samarange | langkung kawêlasayun | Senapati kalangkung runtik | jaja bang winga-winga | lathinya kumêdut | sêdaya wadya Mêtaram | langkung ajrih miyat Senapati runtik | tan ana wruh purwanya

41. Senapati asru dènnya angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha ngong jaluk karyane | rêbutên kadang ingsun | Ni Tumênggung Mayang ing mangkin | sira nuli budhala | mêtua ing Kêdhu | sêdaya matur sandika | para mantri sêdaya sami pinaring | sangu arta busana ||

42. sukèng driya gya budhalan sami | para mantri wahana turôngga | amiranti gêgamane | ing marga tan winuwus | wong Mêtaram lampahnya prapti | ing dhusun Jatijajar | wong Pajang andulu | wadya sèwu winatara | gêgamane tumbak bêdhil amiranti | sêmana wong Mêtaram ||

43. garjitèng tyas gya anêmpuh wani | wadya Pajang bingung bilulungan | tan wruh praptane mungsuhe | dadya sor yudanipun | wong Mêtaram anunjang wani | wong Pajang kèh kêbranan | catur ingkang lampus | dadya mawur asasaran | kang kêcandhak tinigas murdanirèki | dènira

--- 1 : 308 ---

wong Mêtaram ||

44. Ki Tumênggung Mayang milwa kanin | pinarjaya mring wadya Mêtaram | wong Pajang lumayu kabèh | tan ana kang tumangguh | samya mantuk karine mati | rikatan pêlayunya | ing Pajang wus rawuh | laju umanjing jro pura | katur maring jêng sultan ngungun ing galih | myarsa solahing duta ||

45. dene wadyanya sèwu miranti | mungsuh ing rana mung kawan dasa | wong sèwu kasor yudane | tan ana ingkang kiwul | Sultan Pajang kêlangkung runtik | sigra ngundhangi wadya | pan arsa anglurug | marang ing kitha Mêtaram | wadya Pajang gêng alit samya miranti | saningga gêgamannya ||

46. anèng alun-alun angêbêki | abra busananya warna-warna | lir panjrahing puspitane | jêng sultan wus angrasuk | busana di miyos ing puri | ginêrbêg wadyanira | praptèng alun-alun | lajêng anitih dipôngga | agêng inggil binusanan sarwa adi | sêmbada solahira ||

47. ginarêbêg wadya kanan kèri | tinon kadya Prabu Baladewa | Sultan Pajang wiragane | ginêlak lampahipun | gumarêdêg ngêbêki margi | gunging wadya punggawa | swarane gumuruh | gègèr kang samya kamargan | wong padesan tan ana wruh purwanèki | sêmana lampahira ||

48. Sultan Pajang apan sampun prapti | Parambanan lajêng masanggrahan | samya atata barise | Senapati duk ngrungu | nulya mêthuk nèng Randhugunting | lawan prajuritira | dhomas wus akumpul | andungkap suruping surya |

--- 1 : 309 ---

Arya Jômba sasmitèng mantri Mêtawis | nabuh bêndhe Ki Bicak ||

49. Gunung Kidul dènira miranti | pan anumpuk kayu duk lan lênga | sapambêdhil antarane | sarêng ingobong murub | bêndhe Kyai Bicak tinitir | angangkang munyèng tawang | swaranya sru ngungkung | giris kang sami miyarsa | Sultan Pajang kapitèng tyas amiyarsi | swarane Kyai Bicak ||

50. angandika mring wadyanirèki | dene sora swarane Ki Bicak | lan ing Gunung Kidul kae | katingal ana murub | kaya guntur ing awiyati | gurnitaning awiyat | lir akasa rubuh | Dipati Tuban tur sêmbah | dhuh pukulun sampun sumêlang ing galih | amêngsah tyang Mêtaram ||

51. pan kawula inggih dèrèng miris | anadhahi ing sagêndhingira | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun bêkta magut ing jurit | sadaya widigdaya | sami têguh timbul | sura sudira prakoswa | ing watawis kawula kados kuwawi | nadhahi wong Mêtaram ||

52. Sultan Pajang angandika aris | dhuh sutèngong Ki Dipati Tuban | aja sira age-age | amungsuh kakangamu | sun watara praptèng môngsèki | ya wahyuning karajan | mring kakangirèku | amêngku ing tanah Jawa | sarèhêna pikirira kang sayêkti | gampang wong magut ing prang ||

53. kunêng gantya winuwusa malih | Senapati lênggah lan kang paman | Kyai Juru Martanine | Ki Juru ngandika rum | hèh Ki Senapati Mêtawis [Mêtawi...]

--- 1 : 310 ---

[...s] | kayaparan karsanta | iku nora wurung | aprang lawan Sultan Pajang | kaya priye lamun kêlakona kaki | saiba ucaping lyan ||

54. rêbut praja kalawan sudarmi | nanging iku ing wataraningwang | ramanira ing samangke | pan wus kabanjur bêndu | sabalane arsambêk pati | kang putra aturira | sumôngga pukulun | amba anut ing sakarsa | rèhning sampun kêlajêng makatên mangkin | paran karsa paduka ||

55. Kyai Juru Martani ngling aris | yèn sêmbada lawan karsanira | sira ngaturana age | iya mring Nyai Kidul | rèhning sira anêmu kardi | kalawan kang kayangan | ing Marapi gunung | ing nguni ubayanira | lamun ana karya kinèn angaturi | mangkya sêdhêng turana ||

56. Senapati sandika turnèki | nulya ngadêg tumênga ing tawang | angestokkên wawêlinge | ing nguni Nyai Kidul | tan antara maruta midid | bayu bajra prahara | udan awor lesus | pêtêng dhêdhêt alimêngan | ing awiyat gêtêr-patêr magêtêri | pratôndha jin kang prapta ||

57. ana swara lir gêlap sakêthi | anggurnita kadya langit bêngkah | umung ing awiyat rame | gêgirisi karungu | tan antara gunung Mêrapi | nauri sru swaranya | ing kawah gumludhug | udan awu wor prahara | ladhu-ladhu gumalêdhêg watu mili | ngêlèbi kali Umpak ||

58. gègèr wadya ing Pajang angili | kagunturan ladhu lawan sela | ngêbêki pasanggrahane | gugup samya lumayu |

--- 1 : 311 ---

agêng alit arêbut dhingin | giris miris sasaran | katêmpuh ing watu | watu gêng-agêng lir jalma | lir amburu marang wong Pajang angungsir | kang panggah kasulayah ||

59. wadya Pajang sêdaya angisis | bubar larut mantuk marang Pajang | binongkokan gêgamane | Sultan Pajang gya mundur | wus tinilar wadyanirèki | lajêng marang Têmbayat | mring astana ngujung | kunci tan kêna binuka | kangjêng sultan dadya ngujung saking Jawi | sawusira ngandika ||

60. kayaparan kaki juru kunci | lawang gêdhong tan kêna binuka | juru kunci lon ature | inggih paduka prabu | tan kêparêng dening Hyang Widi | kadya tinampik marang | kang sumare ngriku | mêkatên ingkang sasmita | wahyu ratu nuring rat pan sampun ngalih | dhatêng nagri Mêtaram ||

61. Sultan Pajang èmêng ing panggalih | myarsa juru kunci aturira | Sultan Pajang nulya sare | anèng ing bale kêncur | salamine tan kadya mangkin | sang nata dènnya nendra | nutug nikmatipun | sawungunira anendra | nulya kundur sang nata anitih èsthi | sariranya marlupa ||

62. salin tandhu ingkang dèn titihi | karasa gêrah sariranira | aris arèrèh lampahe | Senapati duk ngrungu | lamun sultan gêrah ing mangkin | gya ngundhangi wadyanya | umiring tumuntur | lawan mantri kawan dasa | ciptanira andhèrèkkên rama aji | karasa wlas ing driya ||

63. wadya Pajang sêdaya duk uning | Senapati sawadya tut wuntat | sami ngati-ati kabèh | cinipta [cini...]

--- 1 : 312 ---

[...pta] arsa gêpuk | para mantri matur sang aji | kalamun Senapatya | sawadyane nusul | miranti wong kawan dasa | lamun parêng ing karsa paduka aji | pinagut ing ayuda ||

64. Senapati wadyanira kêdhik | lamun wontên dhawuh padukendra | tan ajrih mêthuk yudane | jêng sultan ngandika rum | aywa sira salah pandalih | saking wataraningwang | iku kakangamu | layak tan sêdya mukul prang | wikan lamun manira anandhang sakit | kadya ngatêrkên lampah ||

65. iya lawan wêkas ingsun kaki | marang sira tuwin kadangira | dèn atut kêkadang anggèr | benjang sapungkur ingsun | kang sayogya gumantya aji | tan liya kakangira | Senapati iku | marma dèn atut kêkadang | ing samêngko yèn sirarsa nglawan jurit | sun kira tan kuwawa ||

66. Adipati Bênawa anangis | amiyarsa ngandikaning rama | kathah kêrasa driyane | para sêntana anglud | gumarumung samya anangis | ing marga tan winarna | ing Pajang wus rawuh | Senapati atut wuntat | kandhêg anèng dhusun Mayang sawadyèki | akarya pasanggrahan ||

67. Sultan Pajang pan sampun miyarsi | yèn kang putra kèndêl dhusun Mayang | utusan nimbali age | mêsat ingkang tinuduh | praptèng Mayang sampun apanggih | kêlawan Senapatya | andhawuhkên sampun | timbalane sri narendra | Senapati aris dènira nauri | duta sira matura ||

68. ngong tan bisa umarêk samangkin |

--- 1 : 313 ---

benjang datan susah tinimbalan | manira umarêk age | duta gya amit mundur | praptèng Pajang matur sang aji | Senapati turira | sêdaya wus katur | sapungkure dutèng Pajang | Senapati manêkung sêmèdi êning | tan antara gya prapta ||

69. Juru Taman mêng-amêngannèki | agêngira sagunung anakan | prapta nêmbah nèng ngarsane | aris ing aturipun | paran karsa tuwan nimbali | kêlamun wontên karya | angsahna prang pupuh | angrabasèng nagri Pajang | myang sanèsa nadyan tandhing lan sang aji | inggih Jêng Sultan Pajang ||

70. Senapati angandika aris | Juru Taman sira sun tarima | mring prasêtyanira kabèh | ingsun tan duwe kayun | iya paran karêpirèki | Juru Taman gya mêsat | musna saking ngayun | manjing jro kêdhaton Pajang | sri narendra sêmana pan lagya guling | binithi jajanira ||

71. sangêt kantaka sri narapati | garwa putra sêdaya karuna | tan ana wikan purwane | dangu antaranipun | sri narendra nulya anglilir | saya sangêt gêrahnya | otêr jro kêdhatun | gêng alit susah ing driya | Senapati kundur maring ing Mêtawis | sawadyabalanira ||

72. dhinawuhan ngupaya têlasih | kinèn numpuk ing kori Nglaweyan | samya sandika ature | wong Pajang samya ngungun | wong Mêtaram solahirèki | Adipati Bênawa | umatur sang prabu | dhuh rama putra paduka | Senapati ngumpulkên sêkar têlasih | sawadyabalanira ||

--- 1 : 314 ---

73. dhinawuhan kinèn tumbas sami | sêkar têlasih prapta pikulan | anèng Nglaweyan jujuge | sang nata ngandika rum | iya iku kakangirèki | saking gumatinira | marang awak ingsun | iku pratôndha sihira | Senapati kaya wus waspadèng gaib | yèn ingsun mèh pralaya ||

74. tan winarna rêroncènirèki | Sultan Pajang prapta takdirira | wanci pukul gangsal sore | wafadira sang prabu | para garwa putra nangisi | gumuruh jro kêdhatyan | kang nangis gumuruh | otêr wadyabala Pajang | agêng alit samya karuna mlasasih | dahat sih mring gustinya ||

Taksih wontên candhakipun malih, kaêcap ing sêrat babad ôngka 2.

Ingkang ngaturi babonipun Wêdana Undêrsêtan Magêtan, Radèn Panji Jayasubrata.

--- 1 : [0]

[4 halaman kosong]