Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 070–086)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 001–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 013–030). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 031–043). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 044–052). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 053–069). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 070–086). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 087–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 104–120). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
9. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 121–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
10. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 138–153). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
11. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 154–172). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
12. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 173–189). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
13. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 190–206). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
14. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 207–224). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
15. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 225–241). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
16. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 242–258). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 02-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

70. Durma

1. lajêng ngamuk lan sawadyabalanira | sagunge wadya Pathi | gègèr bilulungan | prangira kacêkuthak | tan ana sagêd malêsi | kathah kang pêjah | wau Dipati Pathi ||

2. sawadyanya kang maksih gêsang lumajar | sami atilar biting | nênggih duk sêmana | kali Dêngkèng anujya | banjir Lawu anglangkungi | wadya Santênan | sami ambyur ing kali ||

3. kathah pêjah prasami kèli ing toya | wau Dipati Pathi | lan sawadyanira | lumajar kang sinêdya | umantuk dhatêng ing Pathi | ya ta sêmana | wau ta Senapati ||

4. sawadyanya angungsir saparanira | wau Dipati Pathi | praptane Santênan | gya amêpak wadyanya | sagunge para dipati | kang cakêt kitha |

--- 2: 87 ---

sêdaya sami prapti ||

5. saha wadya ambêkta gêgamanira | lajêng atata baris | wontên ing Santênan | barisira akapang | atembak yèn dèn tingali | ya ta sêmana | wau Jêng Senapati ||

6. saha wadya sampun prapta ing Santênan | lajêng anêmpuh jurit | wadya ing Mêntaram | tandangira kotbuta | lir singa nuju sêsiwi | kurangan boga | tan ana ngeman pati ||

7. wadya Pathi kèdêg kèlês tandangira | tan ana măngga pulih | ingkang panggah pêcah | lumayu nandhang brana | sagung wadyabala Pathi | ingkang lumajar | sami ambyuk ing kali ||

8. kathah pêjah sami kèrêm ing narmada | nênggih Dipati Pathi | dènira lumajar | apan datan kantênan | maksih urip tuwin mati | wadya Mêntaram | lajêng sami jarahi ||

9. amboyongi sagung pawèstri sêdaya | branane dèn jarahi | wus bêrsih sêdaya | ginawa mring Mêntaram | Panêmbahan Senapati | sampun bubaran | kundur dhatêng Mêntawis ||

10. bêdhahira ing Pathi pan sinêngkalan | janma tata bana ji |[1] wau Panêmbahan | wus prapta ing Mêntaram | gêganjar wadyanya sami | sampun wêrata | kunêng alami-lami ||

11. sakêlangkung ing Mêntaram arjanira | ya ta dina sawiji | Kyai Măndaraka | ingaturan mring pura | sapraptanira ing puri | tata alênggah | matur lon Senapati ||

12. kula paman inggih amiyarsa warta | inggih Ki Agêng Mangir | ingkang maksih băngga [băng...]

--- 2: 88 ---

[...ga] | dèrèng purun aseba | nênggih mring nêgri Mêntawis | punika paman | lamun ta anjurungi ||

13. inggih badhe kula pêrêp ing ayuda | Măndaraka turnèki | thole sarèhêna | ingsun arsa wuninga | paran ta kang dadi wadi | marma tan seba | marang praja Mêntawis ||

14. sun miyarsa warta nanging durung nyata | iya Ki Gêdhe Mangir | aduwe wasiyat | tumbak ampuh prabawa | dhapurira baru kuping | yèn ana mêngsah | wêndrana mungsuhnèki ||

15. dèn rubuhkên tumbak iku ing ngarêpnya | mungsuhe kabèh mati | marma karsanira | thole iku lèrèhna | gampang wong amangun jurit | yèn wus uninga | wadine mungsuh kaki ||

16. Senapati alon wau aturira | lamun mêkatên inggih | kawula sumăngga | ing karsanipun paman | Măndaraka nulya amit | mêdal ing jaba | lajêng dènnya lumaris ||

17. dyan anukma marang Mangir Măndaraka | lumampah tanpa kanthi | sêmana lampahnya | datan kawarna marga | pan sampun prapta ing Mangir | lajêng suwita | dhatêng Ki Agêng Mangir ||

18. wus katampan kanggêp dènira suwita | ingandêl mring Ki Mangir | wus têrang sêdaya | Ki Mangir wadinira | Ki Măndaraka gya pamit | sampun linilan | gya lèngsèr saking ngarsi ||

19. ya ta laju kundur dhumatêng Mêntaram | kunêng ingkang lumaris | gênti kawarnaa | kang kantun winurcita | wau Ki Agêng [A...]

--- 2: 89 ---

[...gêng] ing Mangir | ingkang kocapa | mêgatruh têmbang ganti ||

71. Mêgatruh

1. tan winarna ing mangke caritanipun | nênggih ta Ki Agêng Mangir | Wanabaya namanipun | kang dahat mêmuja ing sih | sihing Suksmana katongton ||

2. awit saking gadhah pusaka puniku | waos dhapur baru kuping | langkung agêng galihipun | tan purun karèh narpati | tyas bêguguk ngutha waton ||

3. ambêg wantêr kuwawa kyat sura digung | tan purun seba sang aji | ing Pajang kala rumuhun | nganti prapta jaman mangkin | Mêntaram gumantya katong ||

4. datan purun nêmbah panjênêngan ratu | kulawangsane prasami | kang măngka dadya pangimur | sangêt dènira ngaturi | sowan ing Mêntaram Katong ||

5. kiwa têngên nêgara sampun tumêlung | atur rêruba sumiwi | Kêdhu Pagêlèn Madiun | Jêpara Kêdhiri Pathi | Pajang Sêmarang sumaos ||

6. mring Mêntaram bulubêktènira katur | pan amung kantun ing ngriki | kang dèrèng sumuyud ratu | makèwêd tur bawah alit | kirang prayogi katongton ||

7. salêrêse ngriki kabawah Mêntarum | ngandêlkên punapa kyai | kawon ing sabarangipun | kawon wadya kawon aji | sêdayane sarwa kasor ||

8. sun pamèkkên kote pan angrangsang gunung | wong cebol anggayuh langit | lir durèn dèn mungsuh timun | paran margane kuwawi |

--- 2: 90 ---

paduka lawan sang katong ||

9. ya ta Kyai Wanabaya apan bêkuh | pan Allah kang duwe bumi | ingsun suwita Hyang Agung | tan ngawula Senapati | jêr padha titahing Manon ||

10. ingsun amung ngukuhi duk purwanipun | gone cakal bakal kyai | kang suwargi bubak macul | tan nyênyambat liyan janmi | rêkasa têmah dadi gon ||

11. lawan ingsun tan nêdya nyikara ratu | sun tan sêdya dadya aji | jêr sun dudu waris ratu | apa kang ingucap maning | nging tan gêlêm karèh ingong ||

12. iya marang sapêpadhaning tumuwuh | nanging sun pratignya mangkin | sun gêlêm nêmbah mangulun | maring sapadhaning janmi | yèn ana janma kang tanggon ||

13. anadhahi marang pucuke tumbakku | tumbakku ki baru kuping | wasiyate lêluhurku | kulawangsane prasami | jêtung tan kêna miraos ||

14. sabên mangap arsa ngrarêpa umatur | cinêgatan sabda runtik | cinêndhak caritanipun | Ki Agêng Mangir ngêmasi | putrane ingkang gumantos ||

15. sabarange tan siwah sudarmanipun | nama myang têtêp lungguh ing | Mangir ing sêdayanipun | mangke malah angungkuli | ambêke lan kang wus layon ||

16. maksih anom warnanira rada bagus | bêranyak ladaknya klênthing | jêrbèdhèg akaduk bêsus | wus jaka sêpuh kang wanci | kèringan sasamaning wong ||

17. Wangkid Praga mangalèr mlajar kawêngku | mangidul tandhês pasisir | mangalor

--- 2: 91 ---

prapta ing Bantul | kang wusannya mangèstuti | mring Mangir măncapat golong ||

18. rina wêngi asuka-suka anutug | biyunge sing Pakêr nguni | bêgugug tan purun ngulun | marang nêgara Mêntawis | sêsumbar mrih takuting wong ||

19. kunêng gantya ing mangke ingkang winuwus | Senapati ing Mêntawis | tanah Jawa kang amêngku | risêdhêng miyos tinangkil | pêpak upacara katong ||

20. kang sumewa gara paglaran supênuh | pênuh rêsmining naya di | makilat-kilat ambarung | teja maya kênyarnya sri | mangas kaprabawèng katong ||

21. busana bra sumirat gănda sumuluh | wuse pama endra sari | sarining raras sumawur | sênêning praja nglangêni | dumêling luhur katongton ||

22. pracinane narendra rêmbêsing madu | trahing dana warih yêkti | wijining tapa pinrês kung | kasub kasumbagèng bumi | palguna dibyèng palugon ||

23. sri narendra pinarak nèng sitiluhur | rumênggêp dhampar rukma di | prabane pra mega santun | pating pancorong kaèksi | lir sudama sèwu abyor ||

24. wahyuning sang lir pendah Bathara Wisnu | mangrêmpak Prabu Selardi | tuhu kêlamun piturun | pakuning rat tanah Jawi | jumênêng Mêntaram Katong ||

25. pan ingayap sadhèrèk myang para sunu | Dipati Măndraka ngarsi | Jayasupănta Tumênggung | myang Martalaya Dipati | tanapi Tumênggung Bocor ||

26. Saradipa Dipati

--- 2: 92 ---

Pathi ing Kêdhu | Pajang Dêmak Sukawati | sumiwi ngayunan mulku | Senapati ngandika ris | paman Măndraka sun taros ||

27. aprakawis padhusunan Mangir niku | tita tumêka ing mangkin | magugug tan purun ngulun | mandayèng kêraton mami | yèn suwawi rinêbut rok ||

28. tinumpêsan sabrayat lan wangsanipun | sipat lanang sampun kari | Dipati Măndraka matur | ingsun thole tan suwawi | sabara dhingin putrèngong ||

29. nadyan cilik tan kêna ginampang iku | yèn luput luput niwasi | karya rusake wadya gung | tur nistha jênênging aji | amungsuh bêkêl bêbaon ||

30. iku ana kang dadi pakewuhipun | duwe pusaka mêdèni | tumbak dhapurira baru | ampuhe angêliwati | gung prabawa asmarèng don ||

72. Asmaradana

1. akulita têmbaga brit | balung wêsi otot kawat | yèn katiban pêsthi losoh | lan iku nganggo prabawa | anaa wong sayuta | yèn tiniyung tumbak iku | ambruk tan bisa gulawat ||

2. timbalanira ing nguni | Jêng Susunan Kalijaga | ingkang misik marang ingong | Ki Mangir gêgamanira | nora kêna tinulak | singa kang katiban lampus | tur cinêtha iku tumbak ||

3. dadi pusakaning aji | lawan Kyai Plèrèt kêmbar | iku ing têmbe ngakire | marmane lamun sêmbada | kang rêmpit ing rèhira |

--- 2: 93 ---

binujuk sangkaning alus | yèn tumbake uwis kêna ||

4. kang dhapur ki baru kuping | tan ana kuwatirira | sakarsanira pan dados | ingsun jumurung ing karsa | Senapati ngandika | paman yèn kados puniku | prayoga sampeyan rêmbag ||

5. arjaning lampah kang pinrih | lawan arjaning punggawa | tan nistha lampahing katong | nanging kang mêsthi tuk karya | Dipati Măndaraka | alon dènira amuwus | kulup Mangkubumi lawan ||

6. ya si kulup Singasari | apadene Martalaya | kêpriye padha sun taros | Pangran Mangkubumi nêmbah | Dipati Martalaya | myang Pangeran Singasantun | kawula sumanggèng karsa ||

7. sakarsa darmi nglampahi | Adipati Măndaraka | saksana umatur alon | mring Senapati Ngalaga | yèn pinuju ing karsa | putra paduka sang ayu | linurugna ing ayuda ||

8. ngong upamèkkên angambil | mino sajroning narmada | maksiha wêning toyane | tututa iwake kêna | mèsêm Sang Senapatya | kacathêt sajroning kalbu | Senapati nulya jêngkar ||

9. mangangên-angên ing galih | anggusthi sandi upaya | sarawuhirèng kadhaton | tata lênggah ing jro pura | ingayap para garwa | pasowan jawi winuwus | ambabat kêncêng tyasira ||

10. bubaran sami miranti | sasikêpirèng ayuda | sumurup endracapane | sang hyang purnama gumantya |

--- 2: 94 ---

manglela padhang sumrah | kumênyar mangrêsêp ing kung | Senapati lon ngandika ||

11. mring nyai tumênggung aris | Adisara lumakua | jênêngira ingsun kongkon | iya aturana paman | Măndaraka mring pura | nêmbah lèngsèr saking ngayun | Adisara sigra mentar ||

12. lampahira sampun prapti | ing dalêmê Măndaraka | sêksana atata lunggoh | jêngandika ingaturan | dhumatêng putra tuwan | wontên pakarya kang pêrlu | gandrung wilanguning driya ||

13. sarênga ing lampah mami | Adipati Măndaraka | sampun kerid ing lampahe | tumamèng sajroning pura | umarêk ing ngayunan | sang nata ngandika arum | lah inggih suwawi paman ||

14. sampeyan kêlawan mami | andumugèkakên rêmbag | duk anèng sitinggil mangke | sintên kang pinujwèng karsa | ing Mangir kang ngrusaka | kang midadosi pakewuh | Sang Dipati Măndaraka ||

15. sêksana umatur aris | yèn sira parêng ing karsa | duryatira sang lir sinom | dene Jêng Pêmbayun iya | linakokna ngayuda | Martalaya kang tut pungkur | kang măngka rumêksèng lampah ||

16. kinèn dadya dhalang ringgit | kanthia lan kadangira | Jayasupănta kang dhèrèk | rumêksa putu manira | kêlayan Saradipa | kang minăngka panjakipun | Tumênggung Bocor milua ||

17. kang nabuh kêmpulirèki | Saradipa [Sara...]

--- 2: 95 ---

[...dipa] ingkang ngêndhang | Saradula nabuh kênong | panggêndère Adisara | dene ta kêmpulira | Ki Bicak prayoganipun | ingkang dadya tunggulira ||

18. putranira sang lir Ratih | iku den akua anak | Senapati kapanujon | paman kula amèstua | ing karsanipun paman | Adisara dinuta wus | animbali Martalaya ||

19. Jayasupănta lan malih | Ki Tumênggung Saradipa | Saradula miwah Bocor | umentar Ni Adisara | sampun prapta ing jaba | dhinawuhkên sabda prabu | sêksana sigra umangkat ||

20. kang tinimbalan wus kerid | prapta ngabyantara nata | sang nata ngandika alon | sira nênêm ingsun duta | lumaku sandi padha | lan Adisara rewangmu | sun gawani putraningwang ||

21. janma nêm lumaku sandi | kang rêmpit ywa kawanguran | yèn kawangurana têmbe | bêbayani têmahira | mênyanga Mangir padha | wruhanta Si Mangir pan wus | kênyataan wani mring wang ||

22. bêguguk tan gêlêm ngabdi | ingkang dadi karsaningwang | wong nênêm padha anggolong | Martalaya kang dadia | iya dhalanging wayang | Jayasupănta ranipun | ngaliha Sandisasmita ||

23. Si Tumênggung Bocor ngong lih | arana Sandiupaya | Saradipa iku rane | maksiha arane lama | tan ngali Saradula | nulya Dèn Ajêng Pêmbayun | tinimbalan praptèng ngarsa ||

24. sang nata ngandika manis | luwês angrêsakên [angrêsa...]

--- 2: 96 ---

[...kên] manah | adhuh nyawa putraningong | sira gusti ingsun duta | ngulati tumbal praja | ingkang nylamêtkên wadyamu | ngarjakkên jênêng sun nata ||

25. Si Mangir iku duwèni | tumbak baru dhapurira | kacêtha ing nguni anggèr | dadi pusakaning nata | wus pêsthi karsaning Hyang | sira lumêksana masku | bisa berat sukêr ingwang ||

26. mêmalane ing tyas mami | tur kang bisa musthi tumbak | ki baru kuping dhapure | tur sira wus pêsthining Hyang | lan Si Mangir pêpanggyan | sira dadi jodhonipun | pupusên takdiring Suksma ||

27. jodho timbangane pati | êlêta samodra arga | tan kêna tinambak ing wong | sang rêtna pyuh driyanira | manjêlut jajanira | kabêlêt drês mawêtu luh | ngartika sajro wardaya ||

28. nora kaya jêng rama ji | wong kênya kinèn nrang baya | yèn kawêntar kaya priye | pêsthi ngèsêman mring liyan | dene ènthèng bobotnya | Senapati ing Mêntarum | sumêlang kênya dinuta ||

29. ngèsthi pakewuh ngluwihi | sun rasa yèn tan anuta | ing karsane sudarmèngong | duraka marang wong tuwa | awit badali karsa | ratu prasasat Hyang Agung | kapindhone wong atuwa ||

30. yèn ingsun nora nglakoni | pituduhe wong atuwa | nêmu duraka wak ingong | yèn badali karsèng nata | iya nêmu duraka | kêna siyasating ratu | lah ta iya kinapakna ||

31. puluh-puluh anglakoni | ing panggawe lara wirang | dudu

--- 2: 97 ---

wit karêpku dhewe | saking tuduhe wong tuwa | lawan printah narendra | pirabara raganingsun | anêmoni guladrawa ||

73. Dhandhanggula

1. lara pati yêkti tan ngingkêdi | bêgja cilaka apan wus atas | pinêsthi ing sadurunge | duk lohkil makfulipun | wus cinithak karsaning Widi | wusana sang kusuma | umatur mlasayun | mèstuti karsaning rama | Senapati ngandika marang kang siwi | lir madu pinasthika ||

2. dhuh nah anggèr putraningsun nini | wus jamake wong dadi narendra | abot ènthènge linakon | nglakoni sapituduh | pituduhe karya kang mêsthi | mêsthine kang wirayat | wirayat kang mashur | mashure supaya dadya | dadya amrih pikukuhing prajaniti | tiniti pujamăntra ||

3. ing wusana sira amèstuti | sapituduh pakoning sudarma | aluwih tarimaningong | têka panyiptaningsun | sira sasat milu ngrewangi | jungjung kaprabon ingwang | gonku dadi ratu | awit têka sudra papa | sira milu narik kamulyanku iki | iku dununging atma ||

4. lara kapenak prihatin kingkin | panas pêrih lumiring sapakyan | mring sudarma wani tanggon | dhuh nyawa putraningsun | abot têmên wong dadya aji | tan ngetung anak kênya | pradene tinuduh | anrang sandining upaya | namung sira kang wignya ngrêksèng wêwadi | sun srahkên mring Hyang Suksma ||

5. raharjaa lêstari kang dadi | anrang pringgabayaning [pringga...]

--- 2: 98 ---

[...bayaning] kadadyan | kang nêja ngêntasi gawe | kang putra gya rinangkul | benjang sira yèn wus pinanggih | lan kang nêja murkèng rat | prihên seba mringsun | poma-poma aja sira | gêlêm nunggal sarasaning jalu èstri | yèn durung amêtokna ||

6. prasêtyane mring sira kang yêkti | gêlême sumiwi marang manira |[2] ya ladènana putrèngong | lan maning wêkas ingsun | marang sira nini ywa lali | yèn kalimpe kang tumbak | lênganana gupuh | lênga diyan lan worana | toyanira pulangyun kang putra nuli | winangsit mring kang rama ||

7. purwanira dadehane biring | saking pulangyun natkalanira | pandhita bêntur tapane | karidhu dyah mamrês kung | sakêclapan campur mangèksi | lir nikmating asmara | ing karsa salulut | tan antara sang kusuma | anggarbini duk praptèng sêmaya lair | umijil sarpa digbya ||

8. Baru Klinthing têngraning sarpa di | duk ing lair kang sarpa pinarnah | nèng sukune maendra grong | gunung Dira ranipun | tinutupan jêmbangan siji | ibune maksih tapa | nèng pucuking gunung | dene sang maha pandhita | duknya ngridhu ing pamyat nikmating rêsmi | sêkala ngalih prênah ||

9. munggèng srêngganing bukit Merapi | sawusira ing alama-lama | kang sarpa sangsaya gêdhe | molah ing sajronipun | ing jêmbangan swara mêlingi | ngakak atata janma | upase sumêmbur | pêcah mawur kang jêmbangan | dadi rawa kang sarpa waspada ngèksi | pucuking [pucu...]

--- 2: 99 ---

[...king] gunung Dira ||

10. ana janma tapa nanging èstri | pinaranan praptanirèng prênah | tanya-tinanya kadya wong | sapa sudarmaningsun | têngran miwah ingkang palinggih | ibune tutur wêca | yèn atmaning wiku | pandhita ambêntur tapa | duk tinutur sang sarpa lumarap apti | ngulari kang sudarma ||

11. kèhing wrêksa kabarubuh dening | samrendraning[3] kang wana sadaya | ngulatan datan kêpanggoh | tan antara myat gunung | pucak ingkang imawan kèksi | sujanma mangun tapa | katongton anyikruk | kang sarpa lumarap nêja | kêpanggih kang tapa ngakak swara mlingi | lir sundarèn kapwanan ||

12. arda wlika duk prapta srêngganing | bukit tanya mring kang nyikruk tapa | sang tapa arum sabdane | sarpa apa sêdyamu | maring ênggon wong mangun tèki | arda walika nabda | wruhanta sang wiku | milamba praptèng byantara | salaminta tinitah tan wrin sudarmi | praptèng sêmangkenira ||

13. dhapur nêja têtakèn sudarmi | sang mêrtapa ririh sabdanira | de prapta kene dhèwèke | sapa kang asung tuduh | arda wlika pratignya yêkti | mulanya praptèng ngabyan- | taranya sang wiku | si ibu kang pajar sabda | yèn sudarmaningsun nèng srêngganing wukir | ing kene prênahira ||

14. marmaningsun mangayuh srêngganing | bukit wusana katêmu sira | sira yêkti sudarmèngong | sang wiku nawung wuwus | ingsun dudu bapakmu yêkti | sênajan sun sêsuta | ing satuhunipun | măngsa dadak mijil sarpa | basa janma sêsuta rupa sujanmi |

--- 2: 100 ---

sira dudu sutèngwang ||

15. arda wlika duk tinulak ing ling | kyat bêl prêmpêng mêtu nêpsonira | pêthit makendra solahe | sirah ngadêg lir kluwung | swara ngakak otêr mêlingi | upas kumukus kentar | lir kusika takrut | sang pandhita rikalarsa | rinangkus mring sang sarpa gupuh dènnya ngling | sarpa sira sabara ||

16. ingsun jaluk pratandhamu yêkti | yèn sirèstu sutèngong sanyata | samendraning gunung kiye | ubêngana awakmu | kêmput sirah praptaning pêthit | kêlamun kêmput sira | nyata yèn anakku | yèn tan kêmput sira datan | ingsun aku sang sarpa ngakak gumuling | tur ki mring suku arga ||

17. cipta nêdya angubêngi wukir | wukir tandya ingubêngan sarpa | duk mèh kêmput ing ubênge | wêtara kurangipun | mung sajangkah sang rêsi angling | hèh sarpa maksih kurang | angêmputi gunung | kurang sathithik kewala | yèn tan kêmput yêkti tan sun aku siwi | arda walika kurda ||

18. ilatira ingèlètkên mijil | duk mèh kêmput kang ilat pinêrang | ing lading dene sang kaot | ilat tugêl bêt pan wus | rah sumirat sarpa gumuling | lêstari têmah pêjah | kang ilat pinundhut | marang risang maha tapa | winor lading cinipta marang sang rêsi | tan suwe dadi tumbak ||

19. dhapur baru ingran baru kuping | sawusira ilat dadi tumbak | kang tumbak sinèlèhake | nèng srênganing wrêksa gung | lamun ana janma udani [u...]

--- 2: 101 ---

[...dani] | marang wujuding tumbak | katongton sarpa gung | sumladhang ing luhur wrêksa | mung Si Mangir kang antuk nugrahan Widi | mulat wujuding tumbak ||

20. datan salin sêksana ingambil | mring Si Mangir iku purwanira | duk kala kuna-kunane | praptèng mêngko lêstantun | dadya wasyatira Si Mangir | sang rêtna duk miyarsa | sabdanya sang prabu | mangrêti kagagas ing tyas | rama nabda nini dèn angati-ati | tumbak iku wruhanta ||

21. pilih janma têguh timbul tistis | yèn amrih suda mandining tumbak | tandya winuruk sang sinom | kawijayan digbya nung | pênawane upas kang mandi | panglêrêpaning kurda | pangabaring têguh | pasirêpaning sujanma | wus kacakup mring putra Jêng Senapati | sênadyan ta wanodya ||

22. datan kewran pringganing arumpil | agal alus punjul ing apapak | kaprawiran wus kinaot | mrajol ngakêrêp putus | ayu murti sêkaring puri | mangrasuk kang busana | busana manamun | sakêclapan wus tan paja | yèn mèmpêra kêlamun putra narpati | kang mêngku ing rat Jawa ||

23. nanging yèn wong kang sujanèng liring | lawan janma kang sujanèng cipta | lan wong sujanèng surtine | mingis lir tikswaning hru | sakêclapan tan samar ngèksi | kênyanan kêlamun ta | atmajaning ratu | sênên gêbyaring wêdana | nglela wênês mêncorong mancur dumêling | cahya lir ăndakara ||

24. sinamura winor sagung janmi | yêkti beda lan kang băngsa sudra [su...]

--- 2: 102 ---

[...dra] | lir lisah lawan tirtane | yêkti tan bisa kumpul | kumpul uga praptaning ngèlmi | gothanga kang sajuga | pêsthi jagad suwung | ri sampunira busana | sang kusuma umarêk ngarsèng sudarmi | sri narendra ngandika ||

25. wis ta nini mangkata tumuli | mumpung kalguk abêcik sangatnya | sira sun srahkên Hyang Manon | slamêta salakumu | sêlamêta kang anèng wuri | poma ywa kênèng baya | sangsayaning sirtu | lan dene wong lima padha | ingsun paring kraharjan pringganing margi | poma kang wignya nyamar ||

26. puluh-puluh wis bêgjamu sami | janma nênêm duwe ratu sudra | durung kèringan samèng wong | pirabara ing besuk | arjaning rat ing têmbe wuri | ingsun malês mring sira | ing têmbene luhur | namung saiki kewala | ingkang padha ngaksama ing sisip mami | poma ywa sak ing nala ||

27. padha sun kon lumêksanèng sandi | sandènira nêmpuh byating pringga | yèn luput dêrawasake | sarwi mèsêm sang prabu | de kang samya pinaring ing ling | kapranan sabda nata | samya sru angguguk | kabêlêt mijil kang waspa | paja-paja kang abdi ngajapa maring | pasihan sang sudigbya ||

28. kurang punapa sihirèng gusti | ingkang sampun kapundhi mustaka | cinancang pucuk kiswane | dasih duk maksihipun | sudra papa pinupu gusti | jinuju lir kukila | praptanirèng luhur | punapa kang winalêsna | mring sang nata kêjawi bêdhahing kulit | myang tugêle kang jăngga ||

--- 2: 103 ---

29. datan langkung pamujining dasih | kang sruh tinêngèng saarinira | tulus ngabdèkkên dasihe | ngarca dêlahanipun | myang tulusa mêngku rat Jawi | sinihana mring Suksma | pamintaning ulun | pinanjangna yuswanira | myang tulusa arja kartaning nêgari | sawuri-wurènira ||

30. ulun arsa pratignya ing gusti | saupami ing Mangir tan bêdhah | bêdhah kêlawan aluse | suka gadêbalipun | cinacaha sabiting-biting | pinanjraha lir kiswa | kang pinara sèwu | sri narendra ngling tarima | sira padha atur pratignya mring mami | nata arawat waspa ||

31. Adipati Măndraka sigra ngling | ingsun padha angsung karaharjan | muga ywa na sêsikune | ring Hyang Kang Maha Luhur | matur nuwun tandya ngabêkti | ing pada sri narendra | Dèn Ajêng Pêmbayun | ri sampunnya gantya-gantya | sri narendra anjurung puja sêmèdi | tinimbulkên kang putra ||

32. nata paring sakothak kang ringgit | rêbab suling atanapi găngsa | balencong tanapi gêndèr | Ki Bicak gya pinundhut | pan kinarya tandhaning sandi | tinêmbang munya ngangkang | ngumandhang angungkung | muluk lir karêngèng wiyat | pêrtandhane kêlamun unggul kang jurit | ing Mangir pêsthi bêdhah ||

33. Kyai Bicak pinaringkên maring | Saradula wus miranti karya | kabèh ginanjar artane | rêtna pêkaja jumrut | sigra pamit nulya lumaris | sri nata angandika | mring Măndraka gupuh | lah ta paman wong

--- 2: 104 ---

Mêntaram | undhangana sandi ngulari nak mami | murca saking kêdhatyan ||

34. lah ta paman ing ubaya mami | sintên-sintên sujanma kang wignya | manggihakên putraningong | sayêkti lamun jatu- | kramanira sang rêtna dèwi | Măndaraka gya undhang | mring wadya Mêntarum | myang dhawuhi kapêtêngan | samya kinèn manuki kang lampah sandi | budhal sagunging bala ||

35. asrang gurnitanirèng koswa tri | pan sanepa watu saking arga | turăngga lir angge-angge | payung lir krêndha kumpul | pênuh pipit kang tikswa ngapit | busana warna-warna | lir prawata santun | wus lêpas ing lampahira | srang masêlur maneka mawijah atri | makupu-kupu raras ||

36. nglarug prapta têngahing wanadri | tan winarna wadya kang lumampah | kunêng kangjêng sang arajèng | kang tansah kyat manungku | maladi ning wasesa jati | pinujan toya maya | anggăndra Suksma Gung | purna sang manungku puja | wus kadriya widra wawas mayèng gaib | gaib kanthining nata ||

74. Kinanthi

1. sêmana tindaknya laju | sira sang narendrasiwi | samarga arawat waspa | sinêrang bêntèring samsi | saklangkung dènira wayang- | wuyungan sira sang dèwi ||

2. kang drawaya adrês mêtu | praptèng pipi dèn usapi | mining-mining sru kawangwang | ri sangsaya milangoni | nukandar anjala dita | duk sêmana sang rêtna di ||

3. kèndêl sangisor wrêksa [wrê...]

--- 2: 105 ---

[...ksa] gung | sumrah kasilir ing angin | sumyak swaraning kêkaywan | sarine anggagrag sami | akongas rumêsêp ing tyas | sumrambah muryani liring ||

4. myang riyoning taru-taru | labêt kataman ing riris | warnaning kang sêkar-sêkar | sumênêd amrik nrus minging | minginge mangrundah ing tyas | tyas mahanjum rêjasèng sih ||

5. swaraning pêksi milêt kung | isthane kadya ngurmati | kusuma kang anrang marga | kapyarsa saingga gêndhing | ri sêdhêng pathêt manyura | rinasa saya nganyut sih ||

6. manucuk pala gumantung | lir atur sêgah sang dèwi | gusti-gustiku punika | pisugatane kang abdi | karya jampining marlupa | sumrah mring sarira gusti ||

7. sang dyah wus putus ing sêmu | sagung sasmitaning pêksi | pangèsthi angsung kawuryan | sang dyah karênan udani | duk myat rarasing kang sêndhang | kinubêngan andong wilis ||

8. kang sêkar manglung ing ranu | tirtanira manrus wêning | rêsik wênês manisnya trang | lumranging lembak rêspati | kang mina asêliwêran | winulat têka ngalap sih ||

9. sihira sang rêtnaning rum | sang dyah angandika aris | hèh ta nini Adisara | pêtêkana sikil mami | ngêthoke kaliwat-liwat | Adisara gya mêtêki ||

10. sarwi rêngêng-rêngêng ngidung | mangimur trênyuh ing gusti | kinarya ngaringkên manah | kang manah lir madu kentir | kentir wusanane kentar | kentare pinuji-puji ||

11. pinuji kraharjanipun | arjaning wong laku [la...]

--- 2: 106 ---

[...ku] sandi | sandine ywa kawêdaka | wêdakane solah muni | unine dipun èstokna | pangèstune Suksmana di ||

12. wadine sinamun-samun | pasêmon kang migêna sih | ngasih-asih prana mulat | manrus ingkang nêja kapti | apti nanggap kyai dhalang | Sandiguna mèsêm angling ||

13. klayu rêngêng-rêngêng ngidung | pangidunge miyak puji | e Gusti Kang Maha Mulya | kang sifat samingun basir | kang èstu tan kasamaran | samobah mosiking dasih ||

14. saking pamintaning ulun | e Gusti kang mugi-mugi | angganjara karaharjan | arjaning dasih kaswasih | asih mring ratu kawula | ginampilna kang kinapti ||

15. wontên malih rencangipun | Sandisasmita ngrarêpi | rêpène pinuja măntra | e Gustiku kang kulihim | anggêlar sarengat ing rat | kang ngrêngga sakèhe ngèlmi ||

16. nguyuni jagad sawêgung | mundhi wasesaning Widi | tur kang mêngku kodrating Hyang | ingakên kaanan tunggil | murbani ing kăntha warna | kawulane nuwun kang sih ||

17. lêstantuna lampah ulun | gèn amba dinutèng gusti | lan malih gusti kawula | kadugèna kang kinapti | wontên malih rencangira | Sandiupaya ngrarêpi ||

18. rêpène nuwun pangèstu | pangèstu sinawung puji | kang pinuji walisanga | kang winênang animbangi | adêge agama Islam | winuri tumêkèng mangkin ||

19. khas gayuh têdhasing ngèlmu | he sagunge para wali | kang

--- 2: 107 ---

wus fan makrifatira | kawula nênuwun idi | ngidènana tyang ngumbara | manglarug dinutèng gusti ||

20. mugi ywa kenging sêsiku | sêsikune lair batin | kadugèna kang sinêja | panêjane lampah sandi | sandine karya narendra | wontên rencangipun malih ||

21. Saradipa namanipun | kêlayu ngidung ngrarêpi | rêpène nêlăngsa minta | mring sagunge para mukmin | ingkang khas mangonahira | mangèsthi wujuding urip ||

22. uripe istiyar mashur | sarengat tataning bumi | bumi eka neka-neka | minurah sihing Suksma di | pinuji pinuja măntra | sinuwun pangèstuning sih ||

23. sih mring janma andon sirtu | mangudayana rinastri | trus tumrap mring ratu kula | kang mêngku nêgri Mêntawis | kadugèna kang kinarsan | wontên rencangipun malih ||

24. Saradula wastanipun | mangidung nênuwun kang sih | mring sagunge pra narendra | kang sinare tanah Jawi | kawula nênuwun barkah | barkahing kang andon lalis ||

25. kadugèna kang kinayun | gustiningsun Senapati | ywa nganti manggih sangsara | sangsarane lair batin | ya ta jêng kusumaning dyah | jroning tyas mèsêm duk myarsi ||

26. sêksana tindaknya laju | reyongan samargi-margi | wantu priyayi wanodya | rêndhêt dènira lumaris | sakêdhap-kêdhap ararywan | dadi tontonan samargi ||

27. lanang wadon sami dulu | kasmaran winor

--- 2: 108 ---

marma sih | pasihan sinawung sabda | ki dhalang lamun marêngi | nyipênga wisma kawula | wontêna dwi ratri kyai ||

28. kawula wêlas kêlangkung | dhatêng putra dika kyai | kalayan rencang andika | kaping kalihipun malih | mangke dalu kula tanggap | ngringgita nèng wisma mami ||

29. kaparêngan bêrsih dhusun | Sandiguna anauri | lah kakang kula sumăngga | wisma paduka ing pundi | lan sintên nama paduka | wismane dhusun ing pundi ||

30. ingkang sinung ling gya muwus | yèn dika tanya mring mami | karan anak Pak Tugiya | Darpawăngsa nama mami | dhusun manira ing Mlarang | Sandiguna gya nuruti ||

31. umangkat sarowangipun | ing dalu sampun angringgit | tinonton sujanma kathah | kathah karênan udani | kawarta dhalang nêgara | pamayange lir mas kentir ||

75. Maskumambang

1. lêt sêdalu lêt tri dalu dènnya ngringgit | ki dhalang dèn undang | kasusra ing mănca dèsi | ki dhalang darbe atmaja ||

2. èstri endah cahyane kadya sitèngsi | ya ta katur marang | dhumatêng Ki Agêng Mangir | ki dhalang nulya ingundang ||

3. pan kapencut dêrêse ingkang pawarti | mring dyah atmèng dhalang | ki dhalang sêmana prapti | anèng tirahe pêndhapa ||

4. Kyai Agêng Mangir gya anabda aris | namudanèng basa | sumrah arum rêsêp manis | sumrambah migênèng ing tyas ||

5. Sandiguna nuwun aturira manis [ma...]

--- 2: 109 ---

[...nis] | kyagêng malih nabda | kakang dhalang dika niki | sintên kang pinujèng nama ||

6. lan ing pundi pinangkanipun ing wingking | ki dhalang mangrêpa | Sandiguna sinambat sih | ing Kêdhiri asli kula ||

7. dhèrèk gusti kawula Sang Senapati | ing Kêdhiri swita | ing gusti Rajèng Mêntawis | ing samangke sampun lena ||

8. kapupu prang sampyuh lawan pun Pêsagi | milamba samangkya | awisma wontên Mêntawis | nanging kyai kula mangkya ||

9. sapêjahe gusti kula Senapati | amba inggih nêdya | suwitèng Natèng Mêntawis | sang nata dahad tan arsa ||

10. kinarsakkên amba mantuk ing Kêdhiri | kaparêng ing mangkya | kêlangkung gawat kang margi | priyagung wetan prasamya ||

11. baris nêdya amangrurah ing Mêntawis | kaping kalihira | sangu kula tan gadhahi | badhe ngêmis pra nayaka ||

12. sakêlangkung lèngsêm[4] kawula kiyai | rèhipun sêdaya | wus priksa dhumatêng mami | ngong pilaur barang dhalang ||

13. inggih dhusun antero ingkang dèrèng wrin | sampuna paduka | gih botên kula blakani | awrat sangêt tyang tinilar ||

14. dhatêng gusti sangêt kawalêdan ing sih | Ki Agêng miyarsa | wusana kang waspa mijil | sinamur ing pangandika ||

15. kakang dhalang sun minta karyanta ngringgit | wontên wisma kula | Sandiguna ngling mèstuti | sampun dalu cinarita ||

16. ing pringgitan dènira tata angringgit | panggêndèr Disara | dene sang narendrasiwi [na...]

--- 2: 110 ---

[...rendrasiwi] | lênggah nèng wurining dhalang ||

17. wus saingga putraning dhalang pribadi | kang nabuh kêmpulnya | Sandiupaya mantêsi | Saradipa nabuh kêndhang ||

18. Kyai Sandisasmita ingkang mucuki | wusnya pinucukan | Sandisasmita gya nyuling | angrangkêp kêlawan rêbab ||

19. Saradula ingkang nabuh kênongnèki | nguyu-uyu pisan | pantês gêndhing Gambir Sawit | rêspati kang laras sanga ||

20. mukêt mênêd angrêmêd ing galih manis | nguyu-uyu nulya | Sandiguna lêkas ngringgit | lampahane pêkukuhan ||

21. sulukira tanduke angrêspatèni | cêtha trampil grapyak | tibane larasing gêndhing | aruntut lawan irama ||

22. nora nana ingkang barênjul sathithik | rêbabe angraras | sulinge mêthit dumêling | gêndèrira angapinjal ||

23. kêmpulira swarane anggêmak muni | gilig ingkang kêndhang | kênong gong glêndêm kapyarsi | cumèplês tibèng wirama ||

24. pênabuhe kang gamêlan ukur jawil | mrih critaning dhalang | aja kasilêp ing gêndhing | amlêng rumêngêng kapyarsa ||

25. dene ingkang dadi larase kang gêndhing | laras nêm ping tiga | praptèng gara-gara ganti | rêspati kang laras sanga ||

26. apan suda sapathêt anganyut ing sih | praptèng jêjêrira | gandrung larase gumanti | manyura tumêkèng enjang ||

27. nulya suda sêpathêt imbuh ngrêsêpi | mring wong dhêmên sastra | laras nêm iku upami |

--- 2: 111 ---

lir janma ngidung karênan ||

28. laras sanga pan wus wrin têgêsirèki | basa Kawi jarwa | laras manyura upami | rampung Kawi rampung makna ||

29. gandêm prapta mungguhing kang rahsa adi | kunêng winurcita | gunging janma kang ningali | neka-neka kang panyana ||

30. ana ingkang rêna amangèksi ringgit | lakone kang wayang | rame kawuryan nglangêni | sêmbada wasis kang dhalang ||

31. wasis trampil dènira narungkên ringgit | gandrêse wong kêprak | kumêprak-kêprake wêsi | kumêrcêk lir mêcah kluwak ||

76. Pocung

1. gêndhingipun lamun muni ririh arum | gêndèrira munya | binarung suluk dumêling | mêsês nglênyêt manis arum amigêna ||

2. nganyut kalbu rumêsêp ingkang andulu | ana ingkang rêna | myarsa suwaraning gêndhing | nganyut ing tyas kang nabuh sami wasisnya ||

3. wasisipun niyaga panabuhipun | dene datan kathah | abêcik swaraning gêndhing | niyagane solahe padha jlagêdhag ||

4. moncol ruruh pasêmone digbya têguh | panabuhe rampak | dene Ki Agêng ing Mangir | nèng pêndhapa kang dinulu tadan[5] liya ||

5. putranipun ki dhalang warnane ayu | rêsik kuning majas | sumèh pasêmonya manis | dudut ati trus jatmika wèh wigêna ||

6. netranipun liyêp lindri angsung wuyung | rêspati dêdêgnya | bau wijang pipi ramping | kuwangwangan pamêdharing ngling pasaja [pasa...]

--- 2: 112 ---

[...ja] ||

7. swara arum manis sumrah amalad kung | jutining akarya | brăngta sumrambah mikat sih | têkês gandês prakati nora lêlewa ||

8. pan kapencut Ki Agêng Mangir jro kalbu | pan sampun kagiwang | brăngta mring narendrasiwi | jroning driya sangêt dènnya angartika ||

9. dhuh wong ayu bisa gawe lara gandrung | kang lênggah aparak | lan kakang dhalang angringgit | mung liringe sumewa lir pasupatya ||

10. sunaripun kang waja duk kengis wau | lir thathit wor kilat | sumawur amilangoni | mung sathithik kurang bêsus pan pratăndha ||

11. apan durung laki anging ujwala yu | ayune pan ora | pati-pati anjêlèhi | Kyagêng Mangir tyasira kandhuhan brăngta ||

12. ngênglêng lêsu kadi linolos kang balung | lir linêlês tyasnya | kang manah wus gonjang-ganjing | kêkêtêge sumawur asalang-tunjang ||

13. rêbut dhucung ting saruwit ting karêdut | jantung lir pêdhota | kêsabêt asmara brangti | tanpanon rat liwung cipta nir wêweka ||

14. tatas têrus ing buntas kabêntus-bêntus | sajroning wardaya | ajur mumur rontang-ranting | duk sêmana dènnya mayang wus bubaran ||

15. nulya wau ki dhalang ingundang gupuh | mring pandhapa arsa | sinung busana lan bukti | dhahar kêmbul kêlawan sinungan arta ||

16. têlung puluh rêyal Ki Agêng dènnya sung | Ki Agêng sêmana | sampun kacina ing liring | dènnya ngêmpèk-êmpèk ati mring

--- 2: 113 ---

ki dhalang ||

17. rumêkêt rum Ki Agêng ing wuwusipun | dhuh ta kakang dhalang | kula tanya kang sayêkti | ing yêktose rare èstri kang alênggah ||

18. wontên pungkur jêngandika duk ing dalu | kapêrnah punapa | wăngsa atanapi siwi | tuwin rencang kakang wêrtia dèn wêca ||

19. aturipun Sandiguna manis arum | sayêktose atma | duk mêksihe Senapati | nèng Kêdhiri laire lare punika ||

20. alon muwus Ki Mangir panêbdanipun | walèh-walèh napa | kakang atmaja puniki | punapa ta inggih kakang mêksih prawan ||

21. aturipun Sandiguna manis arum | inggih mêksih prawan | dèrèng wontên kang nujoni | kang kêparêng dados sênênging wardaya ||

22. duk rumuhun inggih kyai purwanipun | kathah janma sêdya | jawat dhatêng atma mami | nging pun rara inggih dèrèng nêdya krama ||

23. dèrèng purun imah-imah duk rumuhun | lare sangêt pugal | yèn pinêksa ing sudarmi | lajêng nglalu sok badhe nêmah antaka ||

24. tan wagêd sun amêksa pakramanipun | lare sudra papa | dama nistha saking alit | mila kula ugung ing sakajêngira ||

25. sabdanipun Kyagêng Mangir manis arum | yèn parêng si kakang | anak andika puniki | kula nêdha sun damêl semah kawula ||

26. aris matur Sandiguna wuwusipun | yèn kyai sudia | mupu mipil karya

--- 2: 114 ---

rabi | dhatêng tiyang ngumbara datanpa wisma ||

27. kawlasayun sumăngga sakarsanipun | yèn lare punika | kyai purun anglampahi | yèn tan purun kiyai gih sampun duka ||

28. lare bêsur dêgsura kêlangkung-langkung | sangêt punggung mudha | ugungan saking wit alit | inggih kula kyai sadrêmi sêsuta ||

29. dipun agung kiyai aksamanipun | dhumatêng kawula | Kyai Mangir arum angling | kakang dhalang sampun mawi walangdriya ||

30. inggih lamun putranta yèn sampun ayun | dados rabi kula | dika tumut dhukuh ngriki | atêtêpa anèng ing ngriki awisma ||

31. matur nuwun Sandiguna wuwusipun | kang kadya punika | kawula langkung mèstuti | Kyai Agêng sakêlangkung sukèng driya ||

32. nulya gupuh undhang bêkêl-bêkêl dhusun | sami ngalumpuka | lawan rabine sarimbit | olah-olah sarundèng samaradana ||

77. Asmaradana

1. sagung para bêkêl dèsi | prapta sabêkakasira | prantine wong nyambut gawe | lajêng sami tata-tata | têtarub apramatya | kêmbang-kêmbangan winangun | sagunge kang saka-saka ||

2. pinasangan kêmbang sami | utawi tuwuh-tuwuhan | swarane kêlangkung rame | wong desa kang nambut karya | bojone bêkêl desa | anèng ing pawon gumuruh | olah-olah sêkul ulam ||

3. nyênyamikan [nyênyami...]

--- 2: 115 ---

[...kan] amêrnani | pênuh sagunge wowohan | wong desa wus prapta kabèh | dhasar sumêdya wuninga | Ki Agêng mangke krama | kaping kalih pêrlunipun | prasami ningali wayang ||

4. lanang wadon gêdhe cilik | wong desa ingkang kêbawah | mring Mangir prasami nonton | aglar anèng ing pandhapa | sagunge bêkêl desa | malah malèbèr mring tarub | kamituwa bayan desa ||

5. sêmana sampun kêpanggih | Ki Agêng lawan sang rara | rinêngga kadya pêngantèn | lajêng aboga drawina | rame anèng pêndhapa | Sandiguna anèng ngayun | sarowangira tan têbah ||

6. kêlawan Ki Agêng Mangir | aglar para bêkêl desa | sami bujana arame | warnanên ing dalunira | Ki Dhalang Sandiguna | ringgitipun sampun manggung | wus pinasang kêlirira ||

7. gamêlan sampun rinakit | wayange sampun tinata | jêjêl pipit ingkang nonton | lêkas manggung Sandiguna | lakone Swarga Bandhang | duk Srikandhi kalanipun | barang jogèt mring Ngalêngka ||

8. mangkana ingkang winarni | Ki Agêng Mangir kêlawan | kusuma sang liring sinom | lênggah anèng pakasutan | sang dyah arsa rinêpa | rinabasèng asmarèng kung | sang rêtna panggah tan arsa ||

9. putêking driyanya kengis | rujiting wardaya kongas | sang dyah andrês locanane | pitêkur prayitnèng baya | Ki Agêng Mangir miyat | manêbda lus manis arum | rumêsêp minta sihira ||

--- 2: 116 ---

10. mangimur rarasing asih | luwês mangralut sukèng tyas | dhuh mirah pêpujan ingong | kang sawang ruming puspita | sari wulan purnama | pinuja dadi mas ingsun | gusti kang pinuja brăngta ||

11. brangtanira dhatêng abdi | tuhu musthikaning endah | umasuk sriranta anggèr | sakèh sarining kang padma | manukmèng lathinira | kang kilat thathit dumunung | kêkuwu nèng wajanira ||

12. sêdhêpira karya brangti | purnama nuksmèng cahyanta | trênggana sami manuksmèng | kuku ujung lawan asta | sagunge ingkang nama | wilangan bêcik lan ayu | ngêdhaton slira sêdaya ||

13. bêcike kêlangkung bêcik | kadi mur kinêdhèpna |[6] măngsantuka angupados | samendraning tanah Jawa | kang mirib lan sang rêtna | wong ayu ratuning ayu | baya Wilutamèng swarga ||

14. nanging Wilutama swargi | pantês anyèthi ing sira | kusuma pêpujan ingong | pramilane ulun brăngta | brăngta nuksmèng paduka | paduka nyawaning ulun | paran kang dadya rudetya ||

15. de tansah ngêmu rudatin | datan arsa nyarwe sabda | marang ingkang abdi anggèr | kang abdi kabyatan brăngta | paran ingkang suwadya | dhuh kusuma pêpujanku | tan wêlas mring wong gung brăngta ||

16. parikudu jiwa mami | gusti wanuh lawan sira | wênangna campur sêbdane | anggèr kawula punika | kabyatan lara brăngta | dhahar nendra datan ketung | mung katon pasihanira ||

17. purwa manira sru kingkin | duk [du...]

--- 2: 117 ---

[...k] sira nyêlaki mayang | mangowah ukêl ta anggèr | kang abdi kêsabêt brăngta | kênèng ngênglêng asmara | lir rujit wardayaningsun | rontang-ranting tatas rantas ||

18. sadurunge sira gusti | rawuh anèng pakasutan | raosing tyas sun pamane | lir taru gring kamitigan | kataman tranging surya | wuyanging sarira angluh | sarêng ing mangke wus panggya ||

19. lir taru katamèng riris | sumrah inggaring wardaya | rumaos tan èstu layon | mangkana kusumaning dyah | ngartika ing wardaya | baya wus karsèng Hyang Agung | nabda srêt ngusapi waspa ||

20. kiyai kula tur uning | saèstu kula punika | yogane ki dhalang dede | ngong punika putra nata | kang mêngku ing Mêntaram | kula kesah margènipun | tinantun krama mring rama ||

21. kawula dahat tan apti | wusana jêng rama duka | kula plaur praptèng layon | anglès murca saking pura | nglangut lajêng ngumbara | duk praptèng madya wana gung | tumuntên pinêndhêt atma ||

22. dhatêng Sandiguna nguni | suraose manah kula | lir taru kentir tanpandon | kentare tambuh sinêdya | dumadi ngriki prapta | ing mangke paduka pundhut | kinarsanan dados garwa ||

23. kula tan lêngganèng kapti | kangjêng rama tan uninga | yèn kyai èstu karsane | sudi mupu dhatêng amba | wontên panuwun kula | tuwan sagêda mangulun | mring rama Aji Mêntaram ||

24. yèn dika èstu nyagahi | saking

--- 2: 118 ---

paminta kawula | kula saèstu lumados | mangèstu pada tumêka | lena jiwamba poma | anglir sarah munggèng ranudu |[7] lumembak karsa paduka ||

25. sakarsa kula ladosi | yèn paduka datan arsa | ngabêkti rama sang katong | kawula dahat lênggana | kinarsan dadya krama | sênadyan tumêkèng lampus | ajrih durakèng Hyang Suksma ||

26. kula tan arsa nglampahi | duraka dhatêng sudarma | pangraos ngong saèstune | jêng rama lamun uninga | darbe mantu paduka | andugi rêna ing kalbu | rèhning nguni jiwaningwang ||

27. tinantun krama tan apti | têmah kesah saking pura | nglangut sapurug-puruge | malah inggih kangjêng rama | datan uningèng warta | pundi gèn kula dumunung | tamtune pêjah lan gêsang ||

28. kados-kados jêng rama ji | asangêt dènnya turida | mangayun pawartos ingong | sabab ing kesah kawula | tan wontên kang uninga | anèng wana nusup-nusup | saênggèn-ênggèn sumêrang ||

29. anrang pringganing wanadri | tan kèsthi ingkang bêbaya | liwung ing wardaya kasok | tanpa sêdya dumununga | baya pêsthining Suksma | lawan Sandiguna pangguh | satêmah binêkta barang ||

30. tumiba wontên ing ngriki | kula purun palakrama | iba jêng rama bingahe | adarbe mantu paduka | bagus taksih taruna | sayêkti sinugun-sugun | dhatêng Sri Nata Mêntaram ||

78. Sinom

1. sêkala anglêk kang driya [dri...]

--- 2: 119 ---

[...ya] | ciptane Ki Agêng Mangir | kapriye wusananira | sun iki kalaning nguni | tan sumiwèng Mêntawis | iba dukaning sang prabu | lir satru kabuyutan | samendraning tanah Jawi | wus sumuyud sumiwi marang Mêntaram ||

2. namung kari jênêng ingwang | kang tan nêdya mangèstuti | duk ing kuna-kunanira | lêluhurku tan sumiwi | ing Pajang lan Mêntawis | praptèng mêngko jiwaningsun | wus ubaya tan nêdya | sumiwi Rajèng Mêntawis | nora blela nora manut marang nata ||

3. awit ngong duwe pusaka | tumbak kyai baru kuping | sapa kêlar nadhahana | sayêkti ingsun mèstuti | manêmbah myang sumiwi | saiki upamènipun | sun seba mring Mêntaram | awit saking putra èstri | kapratandhan dadi jatukramaningwang ||

4. iya yèn sang nata arsa | ngukup nganggêp marang mami | sinêbut mantu narendra | yèn mêngkono luwih gampil | tan ana walangati | sumiwi Rajèng Mêntarum | nanging lamun tan arsa | ngukup nganggêp marang mami | ing wusana jiwamba tumêkèng lena ||

5. jêr ingsun iki ngibarat | kêlawan Rajèng Mêntawis | panjang pêcah wastra bêdhah | jinuma maksih galigir | dèn ancura lapis tri | yèn sun rasa purwanipun | kaya ta maksih ala | namung enake sathithik | yèn sang rêtna tulus dadi garwaningwang ||

6. anggêr pangêmongku bisa | ngladèni barang sakalir | sarta sang rêtna sun duta | nênuwun sihe sang aji | ngapura awak mami |

--- 2: 120 ---

sayêkti sang nata kolur | sih manganggêp maringwang | jêr mantu iku sayêkti | lamun wignya angêmong mring atmanira ||

7. panganggêpe maratuwa | wus kadi putra pribadi | mokal sang nata karsaa | matèni mantu kang bêcik | sasat matèni siwi | kang dèn êmong anak mantu | iku slokaning kuna | wusana Ki Agêng Mangir | angrarêpa arum wijiling wêcana ||

8. dewane kang para sang dyah | mundrine kang abdi Mangir | sampun mawi walangdriya | yèn mêkatên jiwa mami | kabêgjan angsal putri | jimat tungguling apsantun | manggih putra narendra | dhasarira ayu luwih | ciptaningsun sokur mungguhing Hyang Suksma ||

9. jiwèngsun katur kèn jimat | mênggala lalètul kadri | tan langkung panuwun ingwang | mring paduka wong akuning | paringna usadèng sih | mangèksi dasih kaswayun | sakarsa-karsanira | gusti pun dasih mèstuti | tumut manut miturut dhatêng Mêntaram ||

10. sumiwi Sri Naranata | Senapati Ngalaga Ji | sang rêtna lêjar sêkala | kêtara kilating liring | liringe mangalap sih | dilalah karsèng Hyang Agung | kêparêng lan mangsanya | saya jêmbar ing Mêntawis | Kyai Mangir karêncana eblis lanat ||

11. kagebang asmaraning dyah | dyah kang tansah mêmulut sih | pan wus wantu wong karêm dyah | ênir wiwekaning kapti | musnakkên ing tyas surti | kasujananira larut | kongsul nalar raharja | nalare mung mikir thukning | ati sumpêg buntêt pêpêt [pê...]

--- 2: 121 ---

[...pêt] katutupan ||

12. kapintêrane sirna das | labête wong kurang luwih | liwung lali ing sabarang | purwa wusana tan kèsthi | mung ngèsthi gênging brangti | Ki Agêng Mangir puniku | ing nguni nanggap wayang | wayange Wisamartani | blencong mati dhalange amakan tuwan ||

13. mula-mula kang sujana | lêlakon dèn ngati-ati | sabarang kang alus lêmbat | ywa kadi Ki Agêng Mangir | labêt wong kurang luwih | groboh kasar têmah bawur | bawur kuwur kêtawar | tawar kêtawur kêtali | wujuding wong pikire lir Somayana ||

14. Kyagêng Mangir duk waspada | kilating liring sang dèwi | nyina kongasing ujwala | alon dènira ngrarêmih | dhuh gusti sang dèwèstri | tur kang ngèstu ruming santun | sawang wulan purnama | manglela mancur dumêling | dhasar ayu sêmbada putra narendra ||

15. narendra ing tanah Jawa | jawane paduka gusti | kang pinuja pujamăntra | mring dasih kang sru kaswasih | sihing gusti kapundhi | sinêmangkara mawèh kung | tulus pangèstupada | ing dunya tumêkèng akir | samantara mangrêngèng pasihan dika ||

16. pinêgat rêngganing gita | panggagatirèng karonsih | wêlèh lamun jinarwakna | măngsa borong kang panggalih | rèh wus padha ngranggoni | pangolah wudyèng raras kung | Kyagêng Mangir sêmana | sabakdanira karonsih | maglur tanpa mosik dènira anendra ||

17. sang kusuma gya tumêdhak | sing paprêman èsmu [è...]

--- 2: 122 ---

[...smu] ririh | kaetang wêlinging rama | sêdaya wus dèn lampahi | nyandhak ki baru kuping | ngusapan tirta pulanghyun | lan lisahing dêdiyan | Ki Baru ngadêg mawalik | sru nyuwara mangakak saingga sarpa ||

18. yèn mungguha janma kadya | mangrurah marang sang dèwi | sarambut datan gumiwang | ing driya sang kusuma di | pujamăntra pinusthi | nglinang sukma sarira mur | jumbuh paningalira | datan angrasa kêkalih | nir kawula Ki Baru wangsul mring prênah ||

19. sang rêtna gya nusul nendra | ing dalu datan winarni | byar raina surya muncar | sang kalih mring kêbon sami | wusnya gêgănda sami | sang kalih tata alungguh | ingayap para kênya | bojon bêkêl angladosi | Kyai Mangir abingar niscayanira ||

20. karsa wus mangeka budya | mring sang dyah kang mindha Ratih | sinamun mêksa kawêntar | netrane wong inggar kapti | Adisara tan têbih | kang tansah nanduki têmbung | têmbunge ngunggar brăngta | Ki Agêng saya limut sih | kaprênèsan kang manah buru alêman ||

21. kêmrisik rada kagetan | Ki Agêng gya matur aris | mring sang kusumaning endah | lah kantuna gusti mami | pun dasih yun pêpanggih | lan Sandiguna wong ayu | sakêdhap mring pandhapa | sawusnya dipun lilani | nulya mijil wus panggih lan kyai dhalang ||

22. Ki Agêng Mangir têtanya | wêcaa ingkang sayêkti | lare kang nèng jroning wisma | kang wus karabi ing mami | napa anak ta yêkti | punapa pupon [pupo...]

--- 2: 123 ---

[...n] karuhun | Sandiguna garjita | jroning tyas sampun andugi | yèn sang rêtna wus mêdhar niskaranira ||

23. dadya nêrusi kewala | wusana mangsuli angling | sayêktosipun punika | anak aggèn kula manggih | wontên madyèng wanadri | kêparêng sang rêtnaning rum | lagya marêngi tapa | tumuntên kula takèni | sintên ingkang sêsuta pinangkanira ||

24. tan wêca kang darbe atma | lola duk kalane alit | bapa biyang sampun ngajal | mila kula ambil siwi | Kyagêng mèsêm jro galih | sêmu nyata sabdanipun | ing tyas marwata suta | Ki Agêng malih nabda ris | yèn ing mangke pun rara sampun awêca ||

25. kakang dhumatêng kawula | ngakên putra ing Mêntawis | Jêng Senapati Ngalaga | Dhalang Sandiguna angling | kagèt kinardi-kardi | gêgêtun amanthuk-manthuk | groyok wijiling sabda | dados puniku kiyai | putranipun Jêng Senapati Ngalaga ||

26. saiba bingah paduka | Kyagêng Mangir nyablèk wêntis | nabda inggih ping sêkawan | inggih inggih inggih inggih | Sandiguna ngrojongi | sakănca panjak sêdarum | ngubungi suka bungah | bungahira ngrogoh ati | Kyai Mangir nabda sru gawok kawula ||

27. kakang dhumatêng paduka | sakêdhike botên uning | Sandiguna rum sabdanya | inggih kok kula tan uning | dene bêndara gusti | lamine sun akên sunu | kêkêt têmên kang karsa | kêlamun [kêla...]

--- 2: 124 ---

[...mun] kula takèni | datan ngakên mung ngakên tiyang ngumbara ||

28. ing nguni lamun priksaa | kêlamun putra narpati | botên ingsun pêndhêt suta | lajêng sun punjungkên mriki | kados kemawon kyai | ayunya kêlangkung-langkung | lir murca kinêdèpna | sêjagad tan angsal kalih | mung sang rêtna kang dadya guruning kênya ||

29. sasotyaning pramuditya | kumaraning adi luwih | nukadarirèng buwana | tan larang dèn tohi pati | pathoknya mung kiyai | kang bêgja angumbuk-umbuk | manggih putra narendra | pinuja ratuning bumi | upamine lir manggih rêtna saarga ||

30. upami dipun suwuna | dèrèng kantênan yèn kenging | paribasan wong nèng wisma | lênguk-lênguk nêmu dhuwit | dhuwit salêksa kampil | isi ukon mas sêdarum | mring sawah nêmu mirah | mirahe sakêndhi-kêndhi | matun gaga amungkur manggih sang rêtna ||

79. Pangkur

1. sang rêtna putra narendra | tur sêmbada ayu lir widadari | wong ayu ratuning ayu | tanpa tandhing rat Jawa | jawanira kiyai sampeyan mangguh | kanugrahaning Hyang Suksma | Suksmana kang luwih adi ||

2. baya ta sampeyan arsa | milya mukti ngrênggani ing rat Jawi | pratăndha sampun kawêtu | karsanira Hyang Suksma | gih ing mangke andika kyai kamantu | dhumatêng Ratu Mêntaram | antuk putra saking padmi ||

3. tur ta putra kang pangarsa | mung ta inggih panuwun [panuwu...]

--- 2: 125 ---

[...n] kula kyai | benjing têmbe akiripun | yèn sampun manggih arja | mugi-mugi kiyai èngêt maringsun | wit kula wong nistha papa | nêmpil mukti dhatêng kyai ||

4. iyagêng[8] Mangir manabda | sampun watir kakang puniku pêsthi | kula mukti dika tumut | lawan malihe kakang | duk ing wau andika gunggung maringsun | lir manggih rêtna saarga | puniku taksih sakêdhik ||

5. kula panggih lan sang rêtna | manah kula upami lir amanggih | rêtna mirah sèkêt gunung | gununge ingkang padha | agêngira lan ardi Mêrapi niku | dene kakang kula krama | kêlawan putra narpati ||

6. sêmbada ayu kang warna | upamine kula lamun ngulati | inggih tigang dasa taun | măngsa kakang antuka | ngidêrana rat Jawa pêsthi tan mangguh | rak inggih mêkatên kakang | wong dadi mantu narpati ||

7. dhalang Sandiguna myarsa | têka mèsêm anèng sajroning galih | kabêlêt dènnya gumuyu | nanging sinambi mucang | pan sinamun mungguh sandine ing laku | Kyai Mangir saya latah- | latah gumujêng sarya ngling ||

8. kakang kêlamun sêmbada | dawêg sami sumiwi mring Mêntawis | ngaturakên sang rêtna yu | sang nata ing Mêntaram | lamun karsa ngabdèkakên badan ulun | lan malih lamun sang nata | nganggêp mantu dhatêng mami ||

9. kawula badhe sumêmbah | angujungi dlamakannya sang aji | Sandiguna sabdanya rum | kyai pandugi kula [ku...]

--- 2: 126 ---

[...la] | kados lamun sang nata kagungan mantu | sangêt kaparêng ing karsa | yèn kados andika kyai ||

10. ngupados tiyang punapa | dhasar bagus anom lan ingkang budi | jlagêdhag bèr tur mituhu | dhumatêng maratuwa | apêsaja wutah ati tyasnya alus | sagêd angêmăng ing garwa | miturut sabarang kapti ||

11. jêr ing nguni kula myarsa | inggih têmbang rawat-rawat gih kyai | jar titir krêna binandhung | undhake kang pawarta | sudanipun titipan kala rumuhun | sagung janma alit samya | sang nata saklangkung ngudi ||

12. mantu kang bagus utama | tur ta ingkang prawira êbèr budi | kang jlagêdhag ambêkipun | sagêd angêmong garwa | Kyai Agêng sangsaya suka ing kalbu | duk miyarsa Sandiguna | pêmbatange kang kawijil ||

13. sêksana mundhut tadhahan | anyugata warna-warna mênuhi | Sandiguna bukti kêmbul | sakancanira panjak | pan sinambi sami ujung liringipun | Sandiguna osiking tyas | wong iki sêmpug lêlungid ||

14. panjakira sami tămpa | panyabête Sandiguna kang liring | sapamicaranya runtut | aluse nglantrah-nglantrah | wasisira Jêng Senapati Sang Prabu | mêdhang gusi untu rantas | nora kagêpok kang gusi ||

15. tuhu ratu satya budya | sarjana kang rajaniti di murti | murcitantaya sabda rum | lir kasturi angambar | kongas minging samendraning rat tumêlung | sumuyud mèstuti pada | miguna ing

--- 2: 127 ---

agal rêmpit ||

16. palgunèng tyas tuhu dadya | musthikèng rat kabastăntra sinuji | panglêmbananira tutug | mashur kramat sang nata | murba manis mrabani kang arum-arum | ilham keblatirèng pujwa | sumungkêm marang Suksma di ||

17. dibya datan gora-godha | sidik sarèh pangarahira ririh | dikarèng rat pan pinunjul | pusakanirèng praja | ing Mêntaram maharjèng budya nalimput | luhur mulya sihnya arja | ngrubasèng dyah anjum puji ||

18. winayang amrik nukadar | bagna sinang Sang Raja Harimurti | mulku arum triloka nrus | mudya krinthaning kasba | sura ambêk amikat ing sih pan putus | wijayèng tyas wiranung kyat | murtining rat tanah Jawi ||

19. kunêng mangke kang winarna | ingkang lagya sami kêmbulan bukti | sawusnya linorod sampun | Ki Agêng malih nabda | kakang lamun marêngi andika sarju | nuli mangkat mring Mêntaram | Sandiguna amangsuli ||

20. saklangkung jurungi kula | lawan dhèrèk dhatêng andika kyai | tindak dika mring Mêntarum | ri sampunnya luwaran | Kyai Agêng undhang dhatêng dasihipun | kulawăngsa anom tuwa | sêdaya sami kinêrig ||

21. tan kari kang upacara | jaran tandhu miwah pikulan sami | jajarane sang rêtna yu | tanapi angsal-angsal | ingkang pancèn katur Sang Rajèng Mêntarum | tanapi bulubêktinya | sêdaya sampun rinakit ||

22. kunêng malih kang winarna [wi...]

--- 2: 128 ---

[...narna] | Sandiguna sêmana gunêm pikir | nênggih lawan arinipun | Tumênggung Saradipa | Sandiguna alon ing pamuwusipun | dhuh ta adhi Saradipa | puniki ing rêmbug mami ||

23. prayogi atur uninga | inggih dhatêng kangjêng sri narapati | sang aprabu ing Mêntarum | Ki Agêng Mangir mangkya | sampun anut arsa sumiwi sang prabu | pangèstu manêngèng pada | ing gusti sri narapati ||

24. lah ta adhi Saradipa | sira adhi muliha mring Mêntawis | umarêka sang aprabu | yayi atur uninga | lan Ki Bocor dipun prayitna ing laku | ywa kawêdhar sandinira | nyamara lumaku ratri ||

25. Ki Bocor lan Saradipa | sigra budhal saking ing dhusun Mangir | saklangkung ing rêmpitipun | ing dalu lampahira | pan sinêru ing marga datan winuwus | byar rina kang surya muncar | praptane nagri Mêntawis ||

26. laju lumêbèng jro pura | prapta ngabyantara sri narapati | gya ingawe kalihipun | kalihnya amangarsa | marêk ngarsa wontên ing siti sumujud | ngaras pada kalihira | Saradipa munjuk aris ||

27. pukulun sri maharaja | ulun kinèn pun Martalaya gusti | angsal karya lampahipun | pun Mangir wus kabănda | ing wisaya upaya sandi pukulun | wit barkah dalêm narendra | rinèngrèng-rèngrèng wus titi ||

28. purwa madya lan wêsana | malah mangke gusti Ki Agêng Mangir | sumêja yun tundhuk sampun | ngèstupada narendra |

--- 2: 129 ---

ing sakarsa cumadhong paduka prabu | ngunjukkên bulubêktinya | mring kangjêng sri narapati ||

29. sri narendra langkung suka | lêjaring tyas sirna wironging galih | sumiram carêm sumyar rum | kanikmataning driya | manginggaring sumrah mrik sêkalanipun | adining gung nugraha tama |[9] sumuking tyas ngêmu manis ||

30. pitulunging Suksmanăngsa | sri sudigbya sihing Hyang pinardyèng sih | duk myarsa ing aturipun | kang abdi kalihira | awusana angandika sang aprabu | ing salakonira padha | kancamu sutèngong mijil ||

80. Mijil

1. putraningsun lan kancamu sami | apa karahayon | kalih matur bêrkah dalêm rajèng | datan wontên kang malangatosi | nata ngandika ris | timbalana gupuh ||

2. paman Măndaraka Adipati | mring jroning kadhaton | ya warahên lamun ana gawe | kang liningan lèngsèr saking ngarsi | tan kawarnèng margi | Măndrakan prapta wus ||

3. dhinawuhkên timbalan narpati | sah titi dutèng wong | Adipati Măndaraka age | gurawalan dènira lumaris | sêmana wus prapti | ngayunan sang prabu ||

4. sri narendra angandika maring | Măndaraka alon | lah ta paman tyang kalih praptane | kinèn dhatêng Martalaya tur wrin | gih paman sêmangkin | pun Mangir pan sampun ||

5. kapikut ing kenging paya sandi | yun sumiwi mring ngong | ngèstupada tur bulubêktine |

--- 2: 130 ---

myang ngaturkên wayahta ni putri | lah paman dipati | undhangana gupuh ||

6. sêdayane wadyèngsun Mêntawis | kang sumêktèng kewoh | ing karya yèn prapta ngayudane | ingkang samun ywa nganti katawis | yèn kadêling dadi | pun Mangir tyasipun ||

7. ringas têmah ngadêg surèng galih | tan wande prang rêmpon | Măndaraka sandika ature | sigra lèngsèr nèng jawi ngundhangi | wadya ing Mêntawis | wus samêktèng pupuh ||

8. Măndaraka saksana wus mulih | lan prawira karo | datan pêgat têtanya ing rèhe | purwa madya têkèng wusananing | tri suka sukur mring | mungguhing Hyang Agung ||

9. titi sulang pangribawaning ngling | gênti winiraos | Kyagêng Mangir sêmana karsane | ngrumiyinkên duta mring Mêntawis | tur uning sang aji | dene kang tinuduh ||

10. sira Dhalang Sandiguna kanthi | Singajaya kang wong | kamituwa ing dhusun Mangire | ingiring wong kalih dasa sarwi | awahana wajik | samêkta ing kewuh ||

11. gêgancangan lampahira sami | marga tan kacriyos | dungkap prapta ing pangurakane | kunêng gantya Sri Nata Mêntawis | ri sêdhêng miyosi | siniwi wadya gung ||

12. mênggêp pinarak dhêdhampar rukmi | upacara abyor | èbêk pênuh kang sumiwi andhèr | sumawur têka minuni sari | sarining sabumi | mangas ruming luhur ||

13. kasujanan ing yudanêgari | mantar sine kang wong | manuhara raharjèng arjase | wuryan rênggèng [rêng...]

--- 2: 131 ---

[...gèng] pradăngga sri sumrik | panjah busana sri | mangembahi santun ||

14. sênêning rat katongton niram sih | gung prabawèng katong | rêbat leram paniwèn isthane | kyat kumênyar têka milangoni | kaprabaning kèsri | ngakasa wèh wuyung ||

15. pirang-pirang rêsmining naya di | dumêling katongton | pêpak sagung wadya kang sumiwèng | Adipati Măndaraka ngarsi | pra putra myang ari | andhèr marikêlu ||

16. tan antara wontên janma prapti | lampahira alon | kèndêl anèng ing pangurakane | ingkang kalih jujug wringin kadwi | mêpês pasilaning | kawistarèng prabu ||

17. sri narendra angandika aris | mring gandhèk sêkaron | bocah gandhèk umentara age | pariksanên janma ingkang prapti | loro nèng madyaning | wringin dewadaru ||

18. sigra gandhèk mêsat saking ngarsi | wus tundhuk sêkaron | lah kisanak ngong dinuta rajèng | dika pundi lan karya punapi | kang tinanya angling | ngong tiyang ing dhusun ||

19. cinundaka mring Ki Agêng Mangir | sumiwèng sang katong | ponang gandhèk wangsul age-age | prapta katur niskarèng tinuding | sri nata sukanting | sumyak ing pasêmun ||

20. ngandika rum wau Senapati | timbalana karo | janma ingkang nèng wringin kalihe | kongkonane si jêbèng ing Mangir | duta mêsat aglis | ing ngarsa sang prabu ||

21. prapta dhawuhakên sabda aji | kisanak sêkaron | ingandikan [ingandika...]

--- 2: 132 ---

[...n] mring gusti sang rajèng | tur sandika caraka sun kerid | prapta byantara ji | gêpah awot santun ||

22. muka sumungkêm angaras siti | gupita sang katong | bocah sira umatura age | kinongkon apa marang Ki Mangir | ponang duta nuli | nêmbah alon matur ||

23. ulun gusti kinèngkèn pun dasih | konjuka sang katong | sah ing sêmbah pun Mangir wiyose | nèng dhasaring padanta narpati | ngandika sang aji | ya tarima ingsun ||

24. ponang duta gya umatur malih | mring gusti sang katong | sri narendra yèn parêng karsane | abdi dalêm Mangir sêdya apti | mangèstupada ji | myang ngunjukkên lampus ||

25. pêjah gêsang abdi dalêm gusti | konjuka sang katong | myang ngunjuki pariksa wiyose | yèn abdinta pun Mangir amanggih | wanodya yu luwih | ngumbara kaswayun ||

26. pan awêca putra paduka ji | rum-aruming sinom | Radèn Ajêng Pêmbayun parabe | lamun èstu putra paduka ji | pun Mangir sêdyapti | sumiwiwèng sang prabu |[10]|

27. andhèrèkkên putra paduka ji | ngandika sang katong | iya putraningsun sayêktine | purwanira ingsun tari krami | lênggana ing kapti | wusananira mur ||

28. saking pura dahat sun ulati | madyaning wana grong | jajah desa amilang korine | ngêbo laku anjalak pandêling | mêksa tan kêpanggih | ing wusananipun ||

29. tinêmu marang si jêbèng Mangir | sakêthi sukèngong | trima sokur mungguh Hyang Suksmane [Suksma...]

--- 2: 133 ---

[...ne] | lan besuk apa gone sumiwi | si jêbèng Mangir mring | nêgara Mêntarum ||

30. yèn wus karuhan gone sumiwi | marang ngarsaningong | sun kon mêthuk sadulure kabèh | lawan paman-pamanira sami | anèng margi-margi | myang wadya don madu ||

81. Dhandhanggula

1. duta matur marang sri bupati | sumiwinya pun Mangir ing benjang | dintên Rêspati Manise | sang nata ngandika rum | sira nuli balia aglis | duta wus pinaringan | reyal tri dasa wus | samêkta ingkang busana | duta mêsat saking ngarsane sang aji | wus praptèng pangurakan ||

2. mangkat mantuk sakancane sami | ya ta wau kangjêng sri narendra | duta kalih sapungkure | sang prabu ngandika rum | mring Măndraka Sang Adipati | lah paman undhangana | wadyèng sun Mêntarum | ri Rêspati sumêktaa | ing ayuda myang kang pancèn mêthuk sami | dhatênging putraningwang ||

3. dèn pataha sajawining nêgri | dèn bagia lawan wadya kula | kang ngulari sêdayane | timbalana umantuk | mring Mêntaram kang sinung angling | anggèr dhatêng sandika | sêksana undhang wus | nimbali kang wadya-wadya | kang dinuta ngupaya sang ruming sari | sêksana sri narendra ||

4. jêngkar kundur majing jroning puri | ginarêbêg pra cèthi sêdaya | praptane sajro kêdhaton | pramèswari amêthuk | sumuk sêmu ingglaring[11] galih | ruming ujwala kongas | tejane [teja...]

--- 2: 134 ---

[...ne] manguwung | manoning rat trusing tawang | dipaning rat rumêsêp kanikmataning | nikmating Hyang Suksma |[12]|

5. para garwa enggar sêdayaning | duk umèksi kilatirèng nata | liringe suka katongton | upama lampah dalu | kapêthuk ing obor mranani | myang lir măngsa katiga | kataman jawah rum | siram-siram sru karênan | manis sumrah mangêsêp sumèh ngrêsêpi | sri nata paring wikan ||

6. risang saya imbuh sukèng galih | para arum ingkang sawênèhnya | locayandrês suka winor | kagagas kusumèng rum | ingkang lagya andon tinuding | purwa wasesèng praja | drêsan riris madu | kunêng pasowan ing jaba | wus bubaran sami sadhiya ngajurit | gambira krura ring prang ||

7. kadya singa duk kala sêsiwi | katêndhagan ing boga sadina | wus samêkta gêgamane | wadyabala Mêntarum | ing nguni kang dinuta gusti | ngupaya sang kusuma | nênggih ruming santun | wus mantuk prapta Mêntaram | lajêng sami sumiwi sêdhiyèng jurit | Alap-alap kang măngka ||

8. panganjure kunêng kang winarni | kawuwusa Ki Mangir kang duta | ingkang saking Mêntarame | sandêran anèng ênu | lampahira Mangir wus prapti | katur niskarèng lampah | myang wawêling prabu | Ki Agêng kêlangkung suka | risêksana Ki Mangir ngundhangi dasih | wong Mangir kêkêrigan ||

9. perang-perang gêgamannya asri | amung pêdhang suduk kêris tumbak | istharsa janma

--- 2: 135 ---

prang popor | tandhu jaran pêpikul | pinta-pinta para patinggi | miranti sagamannya | sang ingrum ing wau | sampun angrasuk busana | yèn sinawang kadi Ratih saking swargi | tumurun ngejawantah ||

10. tuhu ayu utama sang dèwi | wimbuh karêngga dening busana | kongas lir wulan citrane | gilar-gilar angsung kung | kucêm sagung ingkang ningali | katêmbèn ebat mulat | lir muksa dinulu | tan kawasa ujung tingal | pan anglayung lir tranggana anrang riris | tuhu mêmanoning rat ||

11. Adisara datan kêna têbih | ingkang măngka anjuming pangrudah | ing driyanira sang sinom | anulya nitih tandhu | bojon bêkêl pêpak nèng ngarsi | kang badhe andhèrèkna | pininta-pinta wus | sêdaya sagung ampilan | jajar papat pra kênya jajar ing ngarsi | gunggunge kawan dasa ||

12. ingkang ngondho pan datan winarni | sarêng budhal ing panuju dina | Rêspati ing wêtarane | gêgaman gunge sèwu | sanès ingkang pikulan sami | lumampah anèng wuntat | ngirid bêkêl dhusun | miranti sasikêpira | kathah janma sami nunut anèng margi | kêpingin wruh nêgara ||

13. ing Mêntaram saya gung kang dasih | tunjang-tinunjang ingkang lumampah | sru yun miyat pangantène | jarene putra ratu | warnanira endah ngluwihi | ayu kaliwat-liwat | wus lêpasing laku | upacara abra sinang | amêrapit Ki Agêng anèng ing wuri [wu...]

--- 2: 136 ---

[...ri] | parêk tandhu sang rêtna ||

14. arêspati swandananya wajik | datan têbah kang tumbak pusaka | ki baru kuping waose | ginrêbêg santana gung | pan kinubêng gêgaman asri | rinereka isthannya | binayangkarèku | sabobotira wong desa | rada bagus busana mubyar marnani | sang rêtna tindakira ||

15. anèng ngarsa jinajaran asri | pra pawongan magêrsari lurah | liniga gamane kabèh | butarêpan ing laku | lampahira samargi-margi | kathah janma umiyat | nèng tirah marga gung | lare angon agêbalan | arantaban ngêtutkên Ki Agêng Mangir | rêmbên lakuning marga ||

16. saking gunge janmèstri lumaris | duk sêmana prapta ing Karasan | Ki Agêng Mangir makuwon | lêrêp amung sêdalu | ngasokakên sagunging dasih | tanapi para kênya | lawan malihipun | Ki Agêng panyiptanira | angantosi timbalan dalêm sang aji | kang badhe mêthuk sang dyah ||

17. ingkang abdi kinèn mêcalangi | lamun wontên dutaning narendra | ngaturana wêruh age | marang pakuwon ingsun | ing Karasan kunêng winarni | sri sudigbya Mêntaram | enjing sang aprabu | amiyosi siniwaka | pêpak andhèr jêjêl pipit ingkang nangkil | Dipati Măndaraka ||

18. atanapi Pangran Mangkubumi | myang Pangeran Singasari seba | Jêng Pangran Dipati Anom | Pangran Pugêr sumambung | Pangran [Pa...]

--- 2: 137 ---

[...ngran] Purabaya jajari | Pangeran Jayaraga | Wiramênggalèku | myang Pangeran Pringgalaya | myang Pangeran Têpasana kang nisihi | andhèr sumiwèng ngarsa ||

19. myang Pangeran Juminah anangkil | pra dipati măncapraja seba | wus rumakêt sêdayane | pangangge sinang abyur | ting pancorong winulat asri | pating tleram mangilat | thathit amanguwung | sumuluh ngrênyêp sumilak | maliwêran liwêran manglaras asri | sumyar-sumyar sumirat ||

20. gănda amrik rum anglandêng minging | mêngêng sumrah ngêdus pasewakan | sang nata ngandika alon | mring Măndaraka arum | nêdha paman andum pakardi | manira nèng kadhatyan | jêngandika lungguh | anèng ing paseban jaba | sang dipati sandika aturirèki | Măndraka aris nabda ||

21. hèh ta sira kulup Mangkubumi | lawan sira kulup Singasêkar | mêthuka jaban prajane | mantri majêgan sagung | Sudimara mapaga sami | yèn sira Mangir anggawa |[13] gêgamane agung | tulakên anèng ing kana | aja kongsi akèh ingkang ngiring-iring | putu Pugêr Purbaya ||

22. umêthuka Danalaya aglis | wong Kajoran ingkang amèlua | Tumênggung Lap-alap kowe | mêthuka anèng Bantul | sakancamu kang para mantri | Mêntaram ingkang padha | samêktèng prang pupuh | yèn Si Mangir ngirid bala | gêgamane istha kadi wong ajurit | balèkna sabda lêmbat ||

--- 2: 138 ---

23. sawêtara bae ingkang kari | putu Pringgalaya lan Juminah | putu Wiramênggalane | lan Têpasana putu | mirantia paglaran sami | lan pra mantri Mêntaram | Wiguna sirèku | ajagaa Panarukan | yèn Si Mangir wus prapta sira dèn aglis | andhêgên pangurakan ||

24. pacarane mungna kang kêkasih | ya kêlawan sêntanane padha | jalu èstri ingkang ngondhe | kang ngiring mring kadhatun | kêmandhungan gon ingsun nganti | prajurit gung samoa | barisa puniku | pêndhêm ngubêngi nêgara | dèn asamun padha dèn angati-ati | wus rampung kang pirêmbag ||

25. sigra mangkat Pangran Mangkubumi | lawan Kangjêng Pangran Singasêkar | Alap-alap pangarsane | sampun prapta ing Bantul | Pangran Mangkubumi wus prapti | miranti Sudimara | Pangran Singasantun | para mantri pamajêgan | Pangran Pugêr Pangran Purbaya kang ngiring | ngirid wadya Kajoran ||

26. sampun prapta Danalaya mêrgil | Wiraguna lan sakancanira | pangurakan mirantine | pradăngga tinata wus | Kodhokngorèk bêdhugnya kanthi | pangurakan unggyannya | pelog sledronipun[14] | apan ta sinêla-sêla | mubêng urut pinggir ngalun-alun sami | nêgara ing Mêntaram ||

27. anglir boja wiwaha ingèksi | pangran catur prasami tuguran | nèng paglaran panggonane | bupati mantrinipun | sêdayanya nèng păncaniti | Dipati Măndaraka [Mănda...]

--- 2: 139 ---

[...raka] | kêmandhungan tugur | kunêng malih winurcita | pêcalange Ki Agêng Mangir tur uning | yèn prapta duta nata ||

28. ingkang mêthuk kusumaning adi | Kyagêng sêksana anulya undhang | wusnya rakit lir angkate | prayitna nèng marga gung | dènnya ngrêksa kusumèng puri | ing Bantul sampun prapta | Alap-alap mêthuk | sabda alus manis sumrah | dhuh nah anggèr ulun ingutus sang aji | rumiyin pangèstunya ||

29. Sri Narendra Narpati Mêntawis | dhumawuha dhumatêng paduka | Kyagêng Mangir nuwun ture | sarwi urmat andhêku | Alap-alap gya angling malih | kaping kalih kawula | dinuta amêthuk | mring paduka lan sang rêtna | pratandhane sih katrêsnaning narpati | lan amba tur prayoga ||

30. paduka yun sowan ing narpati | angaturkên dhumatêng sang rêtna | ambêkta dêdamêl akèh | karya salah pandulu | yèn suwawi wangsulna sami | sêpalih andhèrèkna | rumêksa sang ayu | dhuh anggèr ywa salah tămpa | badhe lami paduka anèng Mêntawis | mangun asmaradana ||

82. Asmaradana

1. sang nata mangarsi-arsi | badhe amboja wiwaha | mring paduka langkung sihe | Ki Agêng nurut kewala | sêpalih ingkang wadya | prasami kinèn awangsul | nulya laju lampahira ||

2. Sudimara sampun prapti | pangeran kalih gya mapag | dhumatêng putra sang sinom [sino...]

--- 2: 140 ---

[...m] | nulya lèrèh sang lir rêtna | nabda maring kang raka | dhuh kakang mas lah puniku | kangjêng paman urmat mapag ||

3. paman Pangran Mangkubumi | paman Pangran Singasêkar | sami mapag dhatêng ingong | Kyagêng Mangir sigra têdhak | mudhun saking turăngga | aris dènira lumaku | tundhuk pangran kalihira ||

4. Ki Baru tan kêna têbih | sang rêtna tumulya têdhak | lumajêng ngraup padane | ngabêkti dhatêng kang paman | kang paman kalihira | tumingal tansah ngêmu luh | sang dyah nungkêmi karuna ||

5. ri wusnya atata linggih | Ki Agêng Mangir manêmbah | dhatêng pangeran kalihe | tan nyana kêlamun kêna | sandi sandargèng nata | pranane sandi asamun | prangran kalih anambrama ||

6. manis wijang-wijang titi | lêlêmbaran manganyut tyas | wijah-wijah lêmpah alon | winuwuhan ingkang kurang | mayaning wuyung mayang | ingarah-arah kayungyun | sumyar-sumyar ngarah-arah ||

7. pangarahe rum amanis | manise angrêmêt driya | Ki Agêng Mangir ature | anuwun kalinggamurda | kapêtêk ing mustaka | kacangcang pucuking rambut | sarambut datan anyana ||

8. pangran kalih sarêng angling | dhuh ki jêbèng lakuningwang | ingutus kangmas sang katong | mêthuk mring arinta sang dyah | tanapi mêthuk sira | wit saking karênanipun | kangmas prabu ing Mêntaram ||

9. sokur mungguhing Hyang Widi | kagungan mantu lir sira | namung sira bae

--- 2: 141 ---

jêbèng | kang bisa mong rabinira | kêlamun sira bisa | lir momong kangmas sang prabu | rukun rakêt maratuwa ||

10. pêsthi agung sihing aji | adate kangmas narenda | wis nora ngarani uwong | sapa sujanma kang bisa | momong ngladèni putra | kakang êmas sang aprabu | dèn sruwe agung sihira ||

11. aja kang lir sira kaki | wuwuh dadi mantunira | pêsthi aluwih asihe | tikêl lawan sapa-sapa | dhasare wus ubaya | kangmas sudigbya Mêntarum | kang sapa wonge abisa ||

12. manggihakên sang rêtna di | sayêkti jatukramanya | ginadhang-gadhang ing têmbe | dadi wrangkane sang nata | tur ginanjar nêgara | Bagêlèn saurutipun | lan manêh ingsun dinuta ||

13. maringkên payung kêkalih | kang kuning tlacap sang rêtna | dene ingkang ijo sèrèt | ginanjarakên mring sira | tăndha mantu narendra | lan tăndha sihe sang prabu | jêbèng marang jênêngira ||

14. Ki Agêng manuwun kang sih- | irèng nata kang dhumawah | dhumatêng kawula mangke | ulun pêtêk ing mustaka | cinancang pucuk kiswa | pun dasih panyiptanipun | tan pisan-pisan sagêda ||

15. malês sih dalêm sang aji | kang rumêntah dhatêng kula | tan langkung panuwun ingong | mring kangjêng sri naranata | mugi-mugi paringa | sih ngapuntên dhatêng ulun | prakawis ing kina-kina ||

16. pangran kalih sarêng angling | hèh jêbèng aja rinasa | prakara mau-maune [mau-mau...]

--- 2: 142 ---

[...ne] | ingsun kang nanggung mring sira | yêkti tan dadi apa | mung dêlênga sang rêtna yu | awit dadi garwanira ||

17. yêktine kangmas sang aji | yèn kalihe kang mangkana | măngsa sun têkaa kene | mêthuk sira lan sang rêtna | tanapi pra atmaja | myang sakèhe punggawa gung | kang padha mêthuk mring sira ||

18. dene prakara ing nguni | kangmas sultan wus tan arsa | anggalih prakara rèmèh | wis dibuwang mring sêgara | kangmas jêmbar galihnya | lan manèh pitutur ingsun | marang sira gêgênthongan ||

19. besuk yèn prapta Mêntawis | kang gungan panganggêpira | jêbèng marang kangmas katong | tuwin paman Măndaraka | adate kangmas nata | yèn digungani têrtamtu | moprol bobrol sihnya tiba ||

20. apa kang sinuwun kaki | pêsthi sira pinaringan | jêr mantu lanang sawiyos | dhasare bagus sêmbada | garwamu dèn la-êla | kinacèk samèng sadulur | ngrèh putra pêmbarêp gêsang ||

21. tur sandika Kyagêng Mangir | pangran kalih malih nabda | sun tuturi manèh jêbèng | rèhning sira nêdya seba | marang kangmas narendra | kapindhone marasêpuh | lagi sapisan punika ||

22. baturmu balèkna kaki | kang padha gawa gêgaman | kurang rakêt winulat wong | angur konên padha ngrêksa | nèng Mangir bok mênawa | watir sira tinggal kulup | rowa ngarêp sêpi wuntat ||

23. wit têka panduga mami | sira jebèng pêsthi lawas | nèng nêgara Mêntarame [Mêntara...]

--- 2: 143 ---

[...me] | mung ngamungna upacara | ingkang umiring sira | aluwih bêcik dinulu | sênadyan gawa gêgaman ||

24. kang patut dinulu kaki | rèhning seba marang nata | tur ta ramakira dhewe | pamrihku supaya aja | ngagèt-agèti janma | jêr wadyane kangmas prabu | yèn wêruh gêgaman rangap ||

25. singunên têmah tan eling | lir tinêbak setan kawak | dadine sira katongton | wêlas marang wong Mêntaram | sasat wêlas sang nata | kaèksia liyanipun | bêcik anggêpmu mring nata ||

26. tăndha sih rêsêp darbèni | bapa maratuwa nata | Kyagêng Mangir rum ature | sandika sêksana printah | sagungirèng gêgaman | pininta kang pancèn mantuk | namung kantun kawan dasa ||

27. ingkang pininta umiring | anjajari sang lir rêtna | upacarane sang sinom | tanapi sagung rêmbatan | ya ta sampun umangkat | sagung gêgaman kang mantuk | mring Mangir tugur sêdaya ||

28. rumêksa yèn ana wèsthi | nulya pangeran kalihnya | pangandikanira alon | lah jêbèng payo glis mangkat | sêlak ingarsa-arsa | kangmas sudigbya Mêntarum | Kyagêng Mangir tur sumăngga ||

29. gya budhal pangeran kalih | tindakira munggèng ngarsa | prasami nitih kudane | wuri pisan Alap-alap | Kyagêng Mangir prênahnya | nèng wurinira sanging rum | Ki Baru tan kêna têbah ||

30. cakêt lan kêpuhing wajik | duk prapta ing Danalaya | pinêthuk Pangran [Pangra...]

--- 2: 144 ---

[...n] Dipatos | Pugêr Pangran Purubaya | ya ta wus yun-ayunan | rayi kalih lan sang ayu | sumêdhot kanthèt ing driya ||

83. Kinanthi

1. lir panah tumitis anrus | tumancêp pulunging galih | raosing driya manguntar | tandya tumêdhak sang dèwi | saking ing wahananira | wrin kang mêthuk ari kalih ||

2. sang rêtna nulya tumurun | saking wahananirèki | kang rayi kalih amapag | manabda mring raka aris | lah Ki Agêng Mangir kakang | punika dhimas kêkalih ||

3. Pugêr dhimas Purbayèku | prasami mêthuk ing mami | lan amêthuk dika kakang | Ki Agêng inggal ngudhuni | saking kuda gurawalan | ri sawusnya tata linggih ||

4. prasami salaman sampun | atas tataning agami | Pangran Pugêr Purubaya | anambrama ingkang prapti | nabda luwês manis sumrah | kakang lampahaning margi ||

5. punapa sami rahayu | aturira Kyagêng Mangir | inggih sami karaharjan | barkah dalêm sri bupati | kang dhumawuh ing kawula | tandya wau pangran kalih ||

6. ngabêkti dhatêng sang ayu | sru guguk matur wor tangis | dhuh kakang bok kadang kula | tan nyana lamun sêmangkin | ciptamba kadya supêna | duk lawan paduka panggih ||

7. katujonipun bok ayu | duk murca saking jro puri | anglaya bumi ngumbara | anglangut wusananèki | kakang bok kapanggih sumrang | pinupu Ki Agêng Mangir ||

8. dados manggèn [mang...]

--- 2: 145 ---

[...gèn] prênahipun | cobak ta lamun liyaning | kang mupu bakyu paduka | sajêg jublêg tan pinanggih | sadhèrèk ibu sudarma | sang rêtna yu duk miyarsi ||

9. panangise ri dwinipun | anggêmbor sru dènnya anjrit | sêrêt wijile kang sabda | kagagas purwane nguni | adhimas aja dinawa | wis mênênga sira yayi ||

10. priye mêngko rama prabu | iya ing sapungkur mami | apa padha karaharjan | mirah kadang samoaning | tuwin jêng ibu sêdaya | kang rayi kalih turnya ris ||

11. sêdaya sami rahayu | mung murca paduka nguni | rama ibu miwah kadang | samya mêgêng dhahar guling | wayang-wuyungan sapraja | sajro pura gègèr tangis ||

12. jro pura kabanjiran luh | samun tejaning nêgari | dhêdhêt rawati ngakasa | kêpyur-kêpyur ngêmu sêdhih | istha labuh magêng brăngta | dene kang para dipati ||

13. kinèn ngupaya sêdarum | dhumatêng paduka yêkti | mring têpasing sawo dadya | têkèng mangke dèrèng sami | umantuk saparan-paran | ing Mêntawis sêpi mamring ||

14. ri wusnya têntrêm sêdarum | sigra pangeran kêkalih | tumuntên dhawuhkên sabda | timbalanira sang aji | dhuh Ki Agêng Mangir kakang | timbalan jêng rama aji ||

15. dhatêng jêngandika èstu | pan botên dipun lilani | bêktaa dêdamêl kathah | bok karya sanès pamanggih | mring sagung wadya Mêntaram | lan malih lamun ngèsêmi ||

16. mring liya praja puniku |

--- 2: 146 ---

kirang rumakêt kaèksi | angamungna upacara | mring paduka ingkang ngiring | tanapi janma kang ngrêmbat | utawi janma pawèstri ||

17. prayogi lamun dinulu | tăndha mring wong tuwa bêkti | maratuwa tur narendra | sintên pantês junjung nênggih | kêjawi ta wadyabala | lan sêntana tuwin siwi ||

18. lawan malih putra mantu | kadang warga samoaning | kakang punika tur kula | Kyagêng Mangir duk miyarsi | suka ature sandika | kang wadya gya dèn undhangi ||

19. sêdayane sampun mantuk | gunggung janma kawan dèsi | namung kantun upacara | kang umiring Kyagêng Mangir | tanapi kang para kênya | ingkang dhèrèk sang lir Ratih ||

20. sêmana umangkat sampun | saking Danalaya iki | kang dadya cucuking lampah | Jêng Pangeran Mangkubumi | lan Pangeran Singasêkar | Pangran Pugêr Purbayèki ||

21. cakêt ngapit-apit tandhu | Ki Agêng lumampah wuri | asongsong maliyo patra | dene kang mêkasi wuri | Ki Tumênggung Alap-alap | sakănca prayitnèng wèsthi ||

22. golong kêlawan wadya gung | Pangran Pugêr Purbayèki | dene dhalang Sandiguna | lawan sakancane sami | anèng kanan keringira | lampahe Ki Agêng Mangir ||

23. nanduki satêmbungipun | ing pasêmon adu manis | pating kranthuk pasmon samar | samare anuju galih | galihe ywa sêmang-sêmang | Ki Agêng Mangir nampani ||

24. tyasira acilik gunung | nir weka tan [ta...]

--- 2: 147 ---

[...n] kèsthi galih | lali purwakaning kuna | kagebang wêcana manis | mila mangke ciptanira | Ki Agêng Mangir jro galih ||

25. aglisa nuli kêpangguh | lawan Jêng Sultan Mêntawis | wus lêpas ing lampahira | prapta sajroning nêgari | Pangran Mangkubumi lawan | Jêng Pangeran Singasari ||

26. parentah ing wadya sampun | lampahing wadya pangirid | kinèn prasami atata | ywa kaliru prênahnèki | sajuru-juru golongan | jajar nglimolas prayogi ||

27. ing ngarsa tumêkèng pungkur | aywa dhompo kang lumaris | kang waos kinèn mandhia | sarta liniga kang biring | aja na tinggal prayitna | wus warata undhangnèki ||

28. rêmpêg lampahe baris gung | arampak alapis-lapis | pan atap mawijah-wijah | gumulung agolong pipit | untabing baris sinawang | lir pendah sela blêkithi ||

29. solahnya asrang asêlur | abra sinang dèn tingali | kadi prawata dahana | tuwin kadi wukir sari | sawênèh lamun sinawang | blêdug kang busana putih ||

30. saking măndrawa kadulu | kadi kontul andon warih | sunaring mega sri raras | sorote lir lintang ngalih | ting pancorong ting galêbyar | kadi tan mundur ing wèsthi ||

84. Durma

1. pangêriking turăngga asri barungan | wor grêdêging lumaris | panyêluking janma | nonton asri kawuryan | dadya tontonan samargi | isthaning

--- 2: 148 ---

lampah | lir andon jayèng jurit ||

2. duk sêmana wus prapta ing pangurakan | Kodhokngorèk munya tri | tanapi gamêlan | urut lun-alun munya | sru umung lir karngèng langit | bêdhugnya ngatag | yayah ambayangkari ||

3. Kyai Mangir sangsaya enggaring driya | Wiraguna tumuli | mêthuk sigra-sigra | alon ing sabdanira | dhuh anak Ki Agêng Mangir | anggèr paduka | karsa lumêbèng puri ||

4. unjuk mukak dhatêng maratuwa nata | ulun atur prayogi | sagung upacara | kantuna wontên jaba | Ki Agêng Mangir nuruti | pangeran papat | kang anèng păncaniti ||

5. tur uninga dhumatêng sri naranata | lamun Ki Agêng Mangir | kèndêl pangurakan | ngantosi kang timbalan | sang nata ngandika aris | mring gandhèk Karwa | hèh gandhèk dipun aglis ||

6. timbalana putraningsun nini rêtna | lan lakine Si Mangir | konên laju marang | pura katêmu ingwang | ywa kasuwèn anèng jawi | gandhèk manêmbah | lèngsèr sing ngarsa aji ||

7. gurawalan wus prapta ing pangurakan | dhawuhakên sabda ji | nêdha jêngandika | ngandikan sri narendra | kêlawan kusumèng adi | ingarsa-arsa | wontên sajroning puri ||

8. nata langkung onêng dhumatêng kang putra | myang kasêsa yun uning | dhatêng jêngandika | rèhning gusti sang nata | dèrèng nate-nate kyai | kagungan putra | mantu dhumatêng kyai ||

9. kang nimbangi sih supêkêtnya

--- 2: 149 ---

sang nata | ya ta Ki Agêng Mangir | dhêku tur sandika | dene kusumaning dyah | pinêthuk jêmpana nuli | laju tindaknya | Kyagêng dharat lumaris ||

10. anèng wuri Ki Baru tan kêna têbah | sêntana garbêg sami | păncaniti prapta | narendra putra têdhak | ginarbêg ing para cèthi | gya laju minggah | dhumatêng ing sitinggil ||

11. gya pinêthuk pra kênya sajroning pura | samya angêmu tangis | praptèng brajanala | Dipati Măndaraka | mêthuk sang kusuma adi | angêmu waspa | wusana ngandika ris ||

12. adhuh nyawa putuningsun nini rêtna | tan nyana maksih urip | sun ulati sira | lawas nora pinanggya | nganti nyêbar wong Mêntawis | anjajah desa | milang kori tan panggih ||

13. wana gunung urut pasisir tan panggya | sun nyana uwis mati | mêngko sira nyawa | katêmu maksih arja | sèwu lêganing kang ati | marang lakinta | ki mas putu ing Mangir ||

14. pan sakêthi jumurung marang lakinta | liya mas putu Mangir | kang nêmokkên sira | sira pasthi tan seba | marang nêgara Mêntawis | ginawa minggat | bablas liya nêgari ||

15. ri sampunnya tandya sami tata lênggah | kêmandhungan miranti | sang rêtna ngandika | dhumatêng ingkang raka | dhuh kakang Ki Agêng Mangir | punika eyang | Măndaraka Dipati ||

16. kang nguyuni sêdaya tiyang Mêntaram | jêng rama tan udani | amis bacin miwah | bang-bang aluming praja | jêng eyang kang misesani | tandya sang rêtna | ngabêkti [ngabê...]

--- 2: 150 ---

[...kti] sang dipati ||

17. Kyagêng Mangir sêmana mangaras pada | sumungkêm anèng siti | manêmbrama ingkang | prapta amanis sumrah | nuwun turnya Kyagêng Mangir | Dipati Mănda- | raka malih nabda ris ||

18. hèh mas putu sun asung prayoga sira | sira arsa ngabêkti | maratuwa nata | jêbèng prayoganira | nganggoa tata nêgari | ywa gawa tumbak | mring pura datan kêni ||

19. kèrèkêna ing kene ingsun kang têngga | ya ta Ki Agêng Mangir | wagugên kang driya | dangu tan kêna nabda | kumêjot sajroning galih | pangartikanya | tumbakku baru kuping ||

20. jaba yèn wus sarêng pêdhot jangganingwang | pisah kalawan mami | tandya sang kusuma | arum pangimurira | lir garimis puspita mrik | acampur kilang | ngrarêpa surasèng ngling ||

21. adhuh kakang paduka ywa walangdriya | punika eyang yakti | kang pitajêng driya | sampun tataning praja | yèn arsa lumêbèng puri | tan kenging bêkta | gêgaman jawi kêris ||

22. lah ta kakang wêlasa dhatêng kawula | yèn dika bêkta biring | datan wande kula | sinêrêng mring jêng rama | ingran tanpa prajaniti | yèn jasad kula | kadukan jêng rama ji ||

23. botên wande paduka katut kewala | dika kalawan mami | pinisahkên rama | bibrah tataning praja | jêr ciptaningsun kiyai | dhatêng paduka | tan nêdya malih kapti ||

24. dunya kerat tulusa mêngku mring kula | dika pangeran mami | mila jasad kula | purun

--- 2: 151 ---

ngladosi krama | dhumatêng paduka nguni | tur purwanira | kinramakkên tan apti ||

25. dènnya nêbda sang rêtna amêlasarsa | nungkêmi pangkon sarwi | andrês locananya | ngusapan asta kiwa | kang kanan angasta wêntis | Kyagêng sêmana | sumêdhot ingkang galih ||

26. yèn ngantia pinisahkên lan sang rêtna | kayaparan wak mami | tan wurung palastra | angur sun turutana | wong ayu kang dadi ati | ratuning kênya | mundri talining urip ||

27. wus pinasthi karsaning Hyang Maha Mulya | tan kêna owah gingsir | nuruti kang garwa | atur sêmbah sumăngga | kang waos kinantun jawi | datan antara | kêparak kalih mijil ||

28. andhawuhkên timbalan dalêm sri nata | dhatêng sang kusuma di | dhuh gusti paduka | kinèn inggal ramanta | lumêbêt dhatêng jro puri | gusti paduka | tindaka ngrumiyini ||

29. sang rêtna yu sêksana malbèng jro pura | sri naranata linggih | nèng sela gêgilang | rayi kalih nèng ngarsa | Jêng Pangeran Mangkubumi | lawan Pangeran | Singasari tanapi ||

30. jêng pangeran dipati munggèng ing ngarsa | Pangèn Pugêr malih |[15] Pangeran Purbaya | sang rêtna duk katingal | lan Adisara tumuli | ingawe nata | lumajêng dhandhanggêndhis ||

85. Dhandhanggula

1. sru karuna sarwi anungkêmi | mêlasasih sang dyah sêsambatnya | sri nata pangandikane | sun trima putraningsun | karyanira maharsèng sandi | wis ta nini mênênga | ywa

--- 2: 152 ---

kêlantur muwun | malêbua marang pura | sang kusuma sêksana malêbèng puri | kêlawan Adisara ||

2. para garwa utawine sêlir | samya ngrubung ingkang lagi prapta | alara-lara tangise | anjrit gumêr gumrumung | sang rêtna yu gulungan siti | têmah klantur kantaka | ri wusira emut | têntrême sagung karuna | kunêng malih gêntia ingkang winarni | Senapati Ngalaga ||

3. pra pangeran kang anèng ngarsa ji | kinèn sami samêktèng bêbaya | nging ywa kawistarèng ngakèh | sonar liringing pasmun | Pangran Mangkubumi lan ari | Pangeran Singasêkar | kang dinuta mêtu | dhumatêng ing kêmandhungan | andhawuhkên timbalan mring Kyagêng Mangir | wus prapta kêmandhungan ||

4. panggih lawan Ki Agêng ing Mangir | dhinawuhkên timbalan narendra | hèh jêbèng Mangir sira ge | ingandikan malêbu | iya marang sajroning puri | Ki Agêng tur sandika | wus kerid malêbu | ingkang ampilan sêdaya | kantun jaba lampahe Ki Agêng Mangir | wus prapta ing jro pura ||

5. nèng byantara kangjêng sri bupati | gya manêmbah ingawe mring nata | Ki Agêng gya sèlèh krise | ngabêkti mring sang prabu | duk sumungkêm pada sang aji | bêl prêmpêng emut purwa | kuna mulanipun | Ki Agêng Mangir duk kala | grananira mangaras jêngku narpati | nginggatan mring sang nata ||

6. kadung ujung jinêngku mring aji | pan kêtanggor ing somayana crah | rahipun muncrat dêlèwèr | polonya mancur-mancur | Kyagêng Mangir sampun [sa...]

--- 2: 153 ---

[...mpun] ngêmasi | jumênêng Senapatya | sarwi ngandika rum | wus lêga galih manira | kinèn nyamur Kyagêng Mangir pêjahnèki | layone sinaenan ||

7. winêdalkên ing wuri kang jisim | mêdal anèng ing kori butulan | suruping arka gumantos | kang purnama sumuluh | pangran catur sêksana mijil | sampun panggih kêlawan | Măndaraka wau | eyang dhawuhnya jêng rama | sêdayane ampilan Ki Agêng Mangir | tuwin Ki Baru Karna ||

8. pinundhut malbêt mring dalêm puri | sabab eyang gih wayah paduka | dèrèng kalilan amăndhok | wontên jawi kêdhatun | ing rèh rama pan dèrèng dugi | onênge dhatêng putra | miwah atma mantu | sinuba wontên jro pura | dene kulawarga lan sêntana sami | kinèn sami ngasoa ||

9. anèng dalêm paduka rumiyin | sêkathahe kang wadya ampilan | Dipati Măndraka age | tur sandika sampun wruh | dadya dhawuh dhatêng kang ngampil | lah di Ki Baru Karna | pinundhut sang prabu | lawan putu Mangir têrang | ing samêngko bangêt onêngirèng galih | nuli ngaturkên marang ||

10. Măndaraka gupuh anampani | gya ngaturkên malêbèng jro pura | Măndraka mandhi tumbake | sampun prapta kêdhatun | Kyai Baru katur sang aji | saklangkung trusthèng driya | ciptanya sang prabu | wus tan ana kang sumêlang | Adipati Măndaraka sampun mijil | kêmandhungan wus prapta ||

11. sêdayane kulawarga

--- 2: 154 ---

Mangir | pan ingajak mundur amăndhaka | marang dipati dalême | sangêt sinugun-sugun | pan ing dalu sagung wong Mangir | bungah eca tyasira | sinuba sêdarum | sinarudhah samubarang | boga wastra busana tan nyipta nguni | gustine lamun pêjah ||

12. mila inggar sêdaya kang kapti | têtayuban nêkakkên sukèng tyas | ubyang-ubyung ing ratrine | wus lama-lama wêruh | gustinira lamun ngêmasi | supe kabyatan trisna | nêdya soroh amuk | bela dhumatêng gustinya | tandya ana kamituwa siji angling | kabèh sanak manira ||

13. rungokêna ing pitutur mami | aja ana balela ing nata | wong cilik pira kuwate | pikirên kang wus lampus | ya gustimu Ki Agêng Mangir | baguguk tan yun nêmbah | iya marang ratu | katuju gêlêm sumêmbah | iku iya kang dadi rasaning galih | ya ta guyub sêdaya ||

14. ngèstupada mring Natèng Mêntawis | kulawarga samya tur prasêtya | katarima panungkule | ing mangke Mangir dhusun | ginadhuhkên puniku maring | Dipati Măndaraka | pinara nêm sampun | ingkang sapanduman marang | Măndaraka ingkang sapanduman maning | Dipati Martalaya ||

15. Jasupănta sapanduman malih | dhatêng Kyai Saradipa ingkang | saduman Tumênggung Bocor | kang saduman Tumênggung | Saradula suka kang tampi | ganjaraning narendra | cipta srah kang sujud | ing gêsang praptèng antaka | kang pinuji angarjani marang dasih | ing Mangir bêdhahira [bêdhah...]

--- 2: 155 ---

[...ira] ||

16. sinêngkalan boja tata bumi |[16] duk sêmana Jêng Sang Senapatya | mashur luhur karatone | tan ana kang barênjul | samendraning nungswa rat Jawi | sumiwèng rèh sêdaya | dhatêng ing Mêntarum | tanah bang kulon werata | sabên taun sami angaturi bêkti | dhatêng praja Mêntaram ||

17. datatita ing alami-lami | gêmahira nêgari Mêntaram | ya ta wau cinariyos | Ki Măndaraka wau | malbèng pura sowan sang aji | sêmana tata lênggah | anèng pêndhapa gung | Kyai Măndaraka turnya | lah ta jêbèng Senapati yèn marêngi | ing karsanta prayoga ||

18. payo nglurug mring bang wetan kaki | wong bang wetan pinurih sebaa | marang ing Mêntaram kabèh | Senapati umatur | paman karsaning Hyang Suksma di | dede lampahan kula | prakawis puniku | ing benjing putu kawula | kang nêlukkên sagung tiyang tanah Jawi | jumênêng nata digbya ||

19. tanpa timbang karatoning benjing | kula paman mung badheni nata | lan malih wêling sun têmbe | yèn praptèng ajal ingsun | ingkang kula lilani ganti | jumênênga Mêntaram | gantosi kêprabun | wayah sampeyan nak kula | gih pun Jolang sênajan anèm puniki | gih bab badhe nuruna ||

20. wiji nata ing nêgari Jawi | anak-anak kula sêdayanya | bilih tan wontên ing têmbe | botên ngèstokkên pungkur | ing sawêling kula puniki | kenginga bênduning Hyang |

--- 2: 156 ---

ywa manggih rahayu | sampeyan paman kang sarta | putranira ki adhi mas Mangkubumi | kang sami jumênêngna ||

21. jumênênge wayah tuwan benjing | madêg nata nèng praja Mêntaram | putrèngsun dipati anom | Ki Măndaraka matur | ya ki jêbèng ingsun ngamini | apa wasiatira | sêmana cinatur | Panêmbahan Senapatya | jumênêngnya narendra wontên Mêntawis | wus antuk tigang warsa ||

22. nandhang gêrah sangsaya nglayadi | Adipati Măndaraka seba | miwah kadang putra kabèh | sumiwi nèng kêdhatun | para garwa sami ngadhêpi | gêrahnya Senapatya | ngandika sang prabu | kabèh kadang-kadang ingwang | lan putra ngong poma-poma wêkas mami | besuk sapungku[17] ingwang ||

23. dèn aruntut akêkadang sami | sapa ingkang miwiti tan arja | sun têdha marang Hyang Manon | aja nêmu rahayu | wis ta padha karia sami | Senapati sêmana | seda tangis umung | para garwa para putra | para kadang miwah sagung para sêlir | gumruh tangis jro pura ||

24. jawi pura amiyarsa warti | wus wêrata kang warta sapraja | wong Mêntaram nangis kabèh | sapraja udan êluh | sagunging wong sami prihatin | labête sami trêsna | katon sih sang prabu | samun sêmunirèng praja | ing Mêntaram kêdhasih muni drês galih | wau ta winurcita ||

25. layonira kangjêng sri bupati | siniraman nulya kinapanan | winot ing bandhusa age | sagunge para kaum | ki pangulu ingkang nindhihi [nindhih...]

--- 2: 157 ---

[...i] | kêtib modin sêdaya | mêrbot sampun kumpul | utawi para ngulama | wusnya rampung dènira nyalatkên aglis | layone sri narendra ||

26. ingangkatkên ingkang mikul nênggih | kang bandhusa pan para pangeran | kang layon sinarèkake | kilène Masjid Agung | ing dagane kang rama nênggih | Ki Agêng Pêmanahan | wus sampurna wau | anulya sami bubaran | sinêngkalan sedanira senapati | nêmbah tata gati ngrat |[18]|

27. duk ing ari Soma Sang Dipati | Măndaraka utawi Pangeran | Mangkubumi sami miyos | dhatêng ing sitiluhur | lan anganthi pangran dipati | anom nèng sitibêntar | linênggahkên sampun | munggèng ing dhampar kêncana | Adipati Măndaraka lawan malih | Mangkubumi Pangeran ||

28. pan jumênêng ngapit kanan kering | pêpak sagung punggawa sêdaya | wadya ing Mêntaram kabèh | sumiwi glar supênuh | datan ana kari sawiji | miwah para pangeran | aglar anèng ngayun | cakêt lênggahirèng nata | kang sumiwi suka lir konjêm ing siti | Mangkubumi Jêng Pangran ||

29. nabda asru pangandikanèki | sarupane kabèh wong Mêntaram | padha nêksènana mangke | pangeran dipatyèku | jumênênga Nata Mêntawis | gêntèni ingkang rama | yèn ana kang masgul | sarta nora ngèstokêna | ing samêngko padha têkakna nuli |[19] budine ngrêbut praja ||

30. jênêng ingsun mungsuhe ajurit | kang sumiwi asaur kukila |

--- 2: 158 ---

ing sakarsa sami dhèrèk | sangêt langkung jumurung | karsa dalêm inggih mèstuti | ya ta sagung pangeran | lajêng sami ngujung | agantya para punggawa | sêdayanya prasami ngabêkti nênggih | dhatêng kangjêng sri nata ||

86. Sinom

1. lajêng kundur sri narendra | malêbêt ing dalêm puri | pinêthuk ibu sêdaya | miwah pramèswari aji | tata lênggah jro puri | mangkana wau sang prabu | ngabêkti bu sêdaya | lajêng dayinta narpati | angabêkti ing raka sri naranata ||

2. aganti para sêntana | pawèstri sami ngabêkti | cinêndhak ing caritanya | kang lagya madêg narpati | wiwaha tan winarni | mangkana wau winuwus | sêlaminya sang nata | umadêg Natèng Mêntawis | nêgrinira gêmah ripah tur raharja ||

3. ajêg adiling narendra | khukum kukuh trus agami | kala samana sang nata | parentah para bupati | karsanira sang aji | yasa kêbon taman santun | anèng ing Danalaya | prênah sakilèning puri | karsanipun sang nata badhe kinarya ||

4. gène abdi kêlangênan | kang bule punika nami | Juru Taman nèng jro pura | punika asring ngrêsahi | asring amindha warni | lawan kangjêng sang aprabu | sagunge para garwa | tuwin sagung para sêlir | kathah klintu sinêngguh sri naranata ||

5. salaminira mangkana | Juru Taman tingkahnèki | wadya Mêntaram sêdaya | prasami anambut kardi | tan lami nulya dadi | asri

--- 2: 159 ---

rêrêngganing wangun | wau Ki Juru Taman | sampun pinrênahkên singgih | nèng wangunan pêtamanan Danalaya ||

6. mangkana ngalama-lama | wau kangjêng sri bupati | dintên Rêspati sewaka | pêpak sagung pra dipati | punggawa wus sumiwi | upacara asri pênuh | miwah para pangeran | sêdaya sampun sumiwi | Măndaraka parêk lênggahnya sang nata ||

7. amung sawiji Pangeran | Pugèr kang datan sumiwi | sabab langkung merangira | anèng ngandhap dènnya linggih | karsanira ing galih | darbea lungguh puniku | cangkok nêgari pyambak | nanging tan purun kawijil | isin matur dhumatêng ari narendra ||

8. sang nata dangu sineba | sêmana wau ningali | Pangeran Pugêr tan seba | angandika sri bupati | marang Măndraka aris | eyang paran ingkang rêmbug | mênggah putra sampeyan | kakang êmas Pugêr mangkin | pan punika saking ing panggalih kula ||

9. sangêt ing pakèwêt kula | yèn taksih wontên Mêntawis | saèstu amalang driya | mila eyang karsa mami | dadya Dêmak Bupati | Ki Măndaraka umatur | tuwin para sêntana | sêdaya sami mèstuti | ing sakarsa ing kangjêng sri maharaja ||

10. sang nata malih ngandika | lawan karsaningsun iki | dadia tampinganira | nêgaraningsun Mêntawis | sang nata sigra nuding | ngaturi kang raka sampun | Pangeran Pugêr sigra | lampahing caraka prapti | kapugêran wus panggih lawan pangeran [pangera...]

--- 2: 160 ---

[...n] ||

11. dhinawuhkên sabda nata | Pangeran Pugêr nulya glis | budhal tan kawarnèng marga | wus prapta ing păncaniti | lajêng ngaturan linggih | jèjèr kalawan sang prabu | sang nata angandika | kangmas sampeyan samangkin | kula angkat dadosa Bupati Dêmak ||

12. muktia wontên ing Dêmak | sampeyan dadosa tamping | rumêksa nêgri Mêntaram | Pangeran Pugêr nuwun sih | ing karsa sri bupati | kawula dhatêng miturut | sang nata sigra jêngkar | kundur malêbèng ing puri | kunêng enjing Pangeran Pugêr winarna ||

13. pradandanan sigra budhal | garwa putra miwah dasih | boyong dhumatêng ing Dêmak | sampun prapta Dêmak nuli | nêlukkên sagung janmi | wong Dêmak sêdaya suyud | miwah para bupatya | Garobogan Purwadadi | ing Balora Bojanêgara sumewa ||

14. Jipang Panolan ing Tuban | sêdaya sampun sumiwi | karya bupati ing Dêmak | satunggal ingkang ngrèh sami | măncanêgara sami | Sokawati sampun suyud | mangkana lama-lama | wau ta Dipati Gêndhing | Sokawati aseba marang ing Dêmak ||

15. anggubêl aturanira | wau Sang Dipati Gêndhing | mangkana sawiji dina | Pangeran Pugêr siniwi | pêpak sagunging dasih | Dipati Gêndhing nèng ngayun | alon ing aturira | yèn kangjêng gusti marêngi | andhahara dhumatêng atur kawula ||

16. paduka madêga nata | sutra [su...]

--- 2: 161 ---

[...tra] narpati | [...] | [...] | kacèk punapa gusti | lan rayi dalêm sang prabu | paduka putra ngarsa | pantês kang gumantya aji | jumênênga narendra nêgri Mêntaram ||[20]

17. Pangeran Pugêr sêmana | kagebang aturing dasih | sêmana lajêng amatah | bupati dadi pangarsi | siji Dipati Gêndhing | ingkang dadya sisihipun | Dipati Panjêr nama | Pangeran Pugêr nulya glis | aparentah kinèn angirup-irupa ||

18. wong desa saloring arga | Kêndhêng kinumpulna sami | samêkta gêgamaning prang | dipati kalih lumaris | marang ing dèsi-dèsi | lampahira ngirup-irup | kathah gêgamanira | kalih èwu winitawis | warna-warna gêgamanira wong desa ||

19. tumbak bêdhil lawan pêdhang | kalewang kêris myang cundrik | sawênèh granggang bangkolang | ana kang gêgaman bandhil | kumpul nèng Dêmak sami | swarane umung gumuruh | andina tata-tata | aminta-minta prajurit | wus andadi gêgaman agung mêlatar ||

20. kang dadi lajêring yuda | Dipati Panjêr lan Gêndhing | sêksana nêmbang têngara | tambur bêndhe lawan bèri | pratăndha mangkat jurit | swaranya umung gumuruh | wau ta lampahira | Dipati Panjêr lan Gêndhing | saha wadya ing Tambakuwos wis prapta ||

21. lajêng tata mêsanggrahan | sawadyabala amêrgil | wong desa kanan kèrinya | mêsanggrahan dèn jarahi | wong Dêmak solahnèki | sakêlangkung dene rusuh | jêjarah angêrayah |

--- 2: 162 ---

wong wadone dèn boyongi | kagegeran sagunge wong desa-desa ||

22. mangkana Dipati Pajang | atas amiyarsa warti | yèn Pangeran Pugêr Dêmak | samangke karsa ambalik | balela ing sang aji | arsa mangrurah Mêntarum | angirid wadyabala | anèng Tambakuwos baris | langkung agêng gêgaman tanpa wilangan ||

23. inggal Adipati Pajang | tur uninga mring Mêntawis | warnanên sri naranata | ing dina Soma siniwi | pêpak sagung kang nangkil | punggawa para tumênggung | pangeran kadang rama | para putra sami nangkil | Adipati Măndaraka milya seba ||

24. busana abra asinang | lir pendah prawata sari | sang nata eca sineba | kêsaru wau kang prapti | Dipati Pajang nênggih | ingandikan ngarsa prabu | sampun prapta byantara | sang nata ngandika aris | umatura sira gawa warta apa ||

25. manêmbah Dipati Pajang | patikbra unjuk udani | samangke rakamta nata | Pangeran Pugêr ambalik | balela sri bupati | sêdhiya bala prang pupuh | arsa ngrurah Mêntaram | sampun samêkta kang baris | Tambakuwos anggènipun masanggrahan ||

26. gêgaman tanpa wilangan | sampun pratăndha dewaji | jarah rayah tiyang desa | gègèr kawula tyang alit | sang nata duk miyarsi | kêlangkung dènira ngungun | sang nata angandika | mring Pangeran Mangkubumi | tuwin mring yang Adipati Măndaraka [Măndara...]

--- 2: 163 ---

[...ka] ||

27. eyang rama dèn samêkta | sagunge gêgaman jurit | wadya Mêntaram sêdaya | kularsa tindak pribadi | kalih sarêng turnèki | sandika timbalan prabu | sang nata malih nabda | mangke rama Mangkubumi | utawine yang Dipati Măndaraka ||

28. lan sagunge wadyaningwang | miyarsakna karsa mami | ariningsun adhi êmas | têmbaga sun angkat linggih | Pangran Pugêr namaning | ari ngong Radèn Kadhawung | iku sun angkat nama | Pangran Dêmang Tanpa Nangkil | kang sinung ngling sêdaya saur kukila ||

29. sang nata anulya jêngkar | kundur malêbêt ing puri | kunêng sagung pra punggawa | kang sami atata baris | ing alun-alun mêrgil | gêgaman asri supênuh | sang nata abusana | alancingan panji-panji | ginaspêran tinarètès intên mubyar ||

30. kaose sutra diwăngga | sêpatu cawêni wilis | tinimangan ing kêncana | pinatik ing intên adi | nyamping prangrusak klithik | apaningsêt sutra wulung | ngagêm timang jalebrah | janure binudir rukmi | arasukan Kiyai Ăntakusuma ||

 


Tanggal: janma tata bana ji (AJ 1551). Tahun AJ 1551 jatuh antara tanggal Masehi: 20 Agustus 1629 sampai dengan 9 Agustus 1630. (kembali)
Lebih satu suku kata: gêlême sumiwi mring manira. (kembali)
samendraning. (kembali)
lingsêm. (kembali)
datan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kadi murca kinêdhèpna. (kembali)
Lebih satu suku kata: anglir sarah munggèng ranu. (kembali)
Ki Agêng. (kembali)
Lebih satu suku kata: dining gung nugraha tama. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: sumiwèng sang prabu. (kembali)
11 inggaring. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: nikmating Hyang Suksmana. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: yèn Si Mangir anggawa. (kembali)
14 slendronipun. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: Pangeran Pugêr malih. (kembali)
16 Tanggal: boja tata bumi. Tampaknya sangkala ini kekurangan satu kata (? unit sepuluh) menjadi AJ 15?2. (kembali)
17 sapungkur. (kembali)
18 Tanggal: nêmbah tata gati ngrat (AJ 1552). Tahun AJ 1552 jatuh antara tanggal Masehi: 10 Agustus 1630 sampai dengan 29 Juli 1631. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: ing samêngko padha têkakêna nuli. (kembali)
20 Kurang dua gatra: ke-3 (8a) dan ke-4 (8i). (kembali)