Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

35. Pangkur

1. sêkar pangkur kang gumantya | curiganya wasiyat wus winangking | satunggal curiganipun | ing arga aprêmatya | kang sawiji cinothe anèng ing ngayun | pantês agêmira dhêsthar | bathik parangrusak klithik ||

2. ngagêm songkok sri narendra | bludru wulung kinêmbang-kêmbang [kinêmbang-...]

--- 2 : 164 ---

[...kêmbang] rukmi | rinawis sêsotya murub | pantês lamun sinawang | sri narendra lir Arjuna Sasrabau | nalika umangsah yuda | Dasamuka Ngalêngka Ji ||

3. nulya miyos sri narendra | ginarêbêg upacaranira sri | Ki Palèrèt lan Ki Baru | ingampil suranata | datan kêni têbih lawan sang aprabu | tuwin bêndhe Kyai Bicak | ingampil parêk sang aji ||

4. sampun prapta sitibêntar | lênggah munggèng dhampar kêncana adi | punggawa samêkta sampun | ngalun-alun bêlabar | pra pangeran sampun sadhiya ing ripu | sang nata alon ngandika | parentah budhalkên baris ||

5. têngara sigra tinêmbang | bêndhe ngungkung barung kêlawan bèri | salomprèt barung lan tambur | swaranira gumêrah | lampahira kang wadya sajuru-juru | budhal sakathahing wadya | sang nata munggèng ing wuri ||

6. arja anitih turôngga | ulês cêmêng pancal panggung kang sikil | pancal putih wakêt dhêngkul | rampak kadi sinipat | wêton Kêdhu nungku rat jaya pinunjul | ki jênthayu cêkathakan | macan guguh kang kêndhali ||

7. songsongira kartas jênar | pan anglarug lampahe ingkang baris | datan winurcitèng ênu | ing Tambakuwos prapta | tata-tata mêsanggrahan kang wadya gung | pakuwonnya têtimbangan | sami gunge ingkang baris ||

8. wong ing Dêmak wong Mêntaram | enjingira sami ngangsahkên baris | bêndhe bèri suling tambur | swaranira

--- 2 : 165 ---

barungan | wong Mêntaram ariwut pangamukipun | tandangira kadya singa | duk lagi amonah daging ||

9. wong Dêmak karoban lawan | kèdêk kèlês wadya lit akèh mati | kang urip sami lumayu | mawut saparan-paran | datan kêna ngayuman wadya lumayu | sambate wadya kêbranan | kadi udan calamèni ||

10. Dipati Gêndhing kèsisan | dening wadya anglela têngah jurit | ya ta kang para tumênggung | Mêntaram anêrajang | wus kinêpung lajêng sinosog ing ganjur | Dipati Gêndhing wus pêjah | kuwandane rontang-ranting ||

11. murdane sigra tinigas | Pangran Pugêr arsa têtulung jurit | ya ta kang para tumênggung | sarêng dènnya umangsah | Pangran Pugêr yudanira wus kinêpung | turangganya nandhang brana | tan dangu nulya ngêmasi ||

12. Pangeran Pugêr malumpat | dyan cinandhak mring sagung pra bupati | ya ta pinusara sampun | nulya lajêng binêkta | lampahira tinumpakakên ing tandhu | larut sagung wadya Dêmak | tan ana kari sawiji ||

13. kêjawi wadya kang pêjah | tuwin wadya kang sami nandhang kanin | sagunge wadya Mêntarum | kang pêjah datan kathah | ya ta wau sagunge para tumênggung | sampun ngaturi pariksa | ing gusti sri narapati ||

14. yèn ing mangke raka nata | wus kapikut anèng madyaning jurit | angandika sang aprabu | timbalana ngarsèng wang | duta mentar tan adangu sampun [sampu...]

--- 2 : 166 ---

[...n] rawuh | dhinawuhkên sabda nata | ya ta sagung pra bupati ||

15. sêdaya sumiwèng nata | Pangran Pugêr nèng tandhu kang dèn iring | tan adangu sampun rawuh | ngabyantara narendra | Pangran Pugêr ingudhunkên saking tandhu | sumiwi ngarsa narendra | muka lir konjêm ing siti ||

16. sang nata alon ngandika | kakang êmas Pugêr mangke pinanggih | wasiyate kang wus surud | sintên kang miwitana | gadhah manah inggih kang botên rahayu | yêkti manggih siya-siya | kangmas sampeyan miwiti ||

17. Pangran Pugêr tanpa nabda | langkung wirang sakêthi dènnya isin | lênggahira pan tumungkul | sang nata malih nabda | inggih eyang Môndaraka malihipun | Mangkubumi kangjêng rama | ing samangke karsa mami ||

18. kangmas Pugêr sagarwanya | lawan putra kula pêrnahkên yêkti | awismaa wontên Kudus | sampun ambêkta rewang | kang sinung ngling kalihe sangêt jumurung | sêksana sang nata dhawah | bupati kalih tinuding ||

19. ngatêrakên lampahira | dhatêng Kudus sêmana wus lumaris | sang nata budhalan kundur | dhumatêng ing Mêntaram | tan winarna lampahira anèng ênu | sampun prapta ing Mêntaram | lajêng lênggah ing sitinggil ||

20. mênggêp kang sumiwèng nata | sri narendra gêganjar maring dasih | wastra busana pan sampun | wêrata kang mênang prang | sri narendra alon pangandikanipun | kabèh padha piyarsakna | ing samêngko karsa mami ||

21. iya

--- 2 : 167 ---

Si Gadamêstaka | lurah ganjur manira junjung linggih | iku dadia tumênggung | ana nêgara Dêmak | sun paringi nama arana Tumênggung | Endranata lan ari mas | Pangeran Jayaragèki ||

22. sun tandur ing Panaraga | iku iya ngrèha papat bupati | rampung timbalan sang prabu | sêdaya tur kukila | nulya jêngkar ngêdhaton wau sang prabu | kunêng gênti winurcita | Pangran Jayaraga nênggih ||

23. wus budhal sagarwa putra | myang sêntana dhumatêng Panaragi | datan winurcitèng ênu | wus prapta Panaraga | dhinawuhkên dhumatêng bupati catur | yèn Pangeran Jayaraga | karsa nata mêdanani ||

24. sandika bupati papat | pra bupati sêkawan sami ajrih | ing sakarsa-karsa tinut | Pangeran Jayaraga | langkung mukti wibawa prasasat ratu | anèng tanah Panaraga | kèdhêp saparentahnèki ||

25. mangkana ngalama-lama | Pangran Jayaraga katliwêng galih | mukti wibawa kang nglimput | nyirnakkên karaharjan | anuruti sandarga sura adigung | arsa mandayèng narendra | karsanira ngrêbat waris ||

26. amutêr rat nungsa Jawa | tyas kasupèn purwanira ing nguni | arsa mangrurah Mêntarum | ya ta bupati papat | ingandikan catur sampun munggèng ngayun | jêng pangran alon ngandika | hèh kapat para bupati ||

27. samêktaa ing ayuda | karsaningsun arsa amangun jurit | mangrurah praja Mêntarum | jêr ingsun putra nata | tanah Jawa ing Mêntaram waris ingsun [ingsu...]

--- 2 : 168 ---

[...n] | iya ingsun kacèk apa | lan kakang mas sri bupati ||

28. sun tadhinga ing ayuda | lan kakang mas môngsa wêdia mami | têpung jôngga kantar bau | angadu kaprawiran | tosing balung kêncêng otot wani ingsun | angadua pupu jôngga | kêlawan pêrêding kulit ||

29. jênêng manira tan ulap | marma sira padha pacaka baris | sêmana bupati catur | sarêng wau miyarsa | timbalane jêng pangran kadya puniku | kanggêk ing wardayanira | wusana umatur aris ||

30. dhuh anggèr gusti kawula | kang sung mulya dhumatêng ingkang dasih | yèn kenging amba umatur | sampun kadya mangkana | abdi dalêm punika bupati catur | yèn kaabên bôndayuda | suka sami bêksa rangin ||

36. Gambuh

1. kêlamun mêngsahipun | inggih liya rakamta sang prabu | gusti sampun milya nindaki ngajurit | ngamungna kang abdi catur | ingkang mangsah ing palugon ||

2. mêngsahna siji sèwu | ingkang abdi yèn ginggang sarambut | cinacaha kawula sabiting-biting | yèn karsa paduka wau | amêngsah rakamta katong ||

3. abdi paduka catur | yèn kaparênga gusti kang atur | mugi-mugi sampun kêlampahan gusti | Pangran Jayaraga bêkus | dhasar wong kakèhan cocot ||

4. yèn sira nora rêmbug | ya mêngko para bupati iku | sun pundhuti epok kalawan kang lampit | sumôngga ing aturipun | sêksana [sê...]

--- 2 : 169 ---

[...ksana] tinundhung miyos ||

5. ya ta bupati catur | anèng jawi prasami pirêmbug | anyaosi punika sri narapati | sêkawan sami arêmbug | ya ta sarêng sami bodhol ||

6. kunêng ganti winuwus | lêlurahe pra prajuritipun | Pangran Jayaraga duk miyarsa warti | kêlamun bupati catur | dhumatêng Mêntaram bodhol ||

7. sangêt gêtêr tyasipun | lajêng nusul marang ing Mêntarum | wus angrasa kêlamun manggih bilai | unêngkunêng tan winarnèng ênu | gênti wau cinariyos ||

8. sang nata ing Mêntarum | dina Soma siniwi wadya gung | pêpak andhèr punggawa para bupati | tanapi para tumênggung | pangalasan mantri anom ||

9. jru tuwêk satriya nung | ulubalang ajêjêl supênuh | pra prajurit ing alun-alun amêrgil | pangeran pêpak sêdarum | sumiwèng ngarsa sang katong ||

10. upacara sri pênuh | neka-neka risang maha prabu | apinarak ing dhampar mas sinutya di | pantês anèng sitiluhur | mangkana wau sang katong ||

12. uning sor wringin kurung | wontên tiyang apepe puniku | angandika sang nata mring gandhèk aris | priksanên sor wringin kurung | uwong kang padha asaos

||

13. gandhèk kalih mêsat wus | sampun prapta sore wringin kurung | lajêng panggih kang lênggah soring waringin | kisanak paran kinayun | sumiwèng marang sang katong ||

14. Pangran Rôngga umatur [u...]

--- 2 : 170 ---

[...matur] | kêlawan sakônca kula ngayun | umatur ing jêng gusti sri narapati | gandhèk kalih nulya wangsul | prapta ngarsane sang katong ||

15. ulun mariksa sampun | Pangeran Rôngga sakancanipun | pra bupati sêkawan ing Panaragi | arsa marêk unjuk atur | ing ngandhap padanta katong ||

16. ngandika sang aprabu | timbalana marang ngarsaningsun | sigra wangsul gandhèk prapta sor waringin | kisanak andika laju | ingandikan sang akatong ||

17. sampun prapta ing ngayun | Pangeran Rôngga bupati catur | pasilanya muka lir konjêm ing siti | tumungkul amarikêlu | alon ngandika sang katong ||

18. mara matura mringsun | paran kang dadi sêdyanirèku | sira marêk marang ngarsaningsun iki | Pangeran Rôngga wotsantun | dènira umatur alon ||

19. pukulun sang aprabu | ulun atur uning rinta èstu | Pangran Jayaraga Panaraga mangkin | sumêja mêrêp ing ripu | balela gusti sang katong ||

20. kawula saos atur | miwah para bupati caturKurang satu suku kata: miwah para bupati acatur | botên kêni malah sinêrêng ing runtik | ulun sumanggèng pukulun | duk miyarsa tur sang katong ||

21. sangêt ing dukanipun | ri sêksana sang nata gya dhawuh | mring kang rayi Pangran Pringgalaya nênggih | adhi mas sira sun tuduh | mringa Panaraga gupoh ||

22. Martalaya kanthimu | rakamta Pangran Jayaragèku | ya tundhungên dhimas têka [tê...]

--- 2 : 171 ---

[...ka] Panaragi | lan saanak rabinipun | ya ing Masjid Watu kono ||

23. panggonêna kakangmu | jarahana barang darbèkipun | lamun ana bature kang bôngga yayi | sirnakna aja na kantun | lan maning parentah ingong ||

24. Pangeran Rôngga iku | lawanên mring Panaraga wangsul | lan kancane bupati papat prasami | Pangran Pringgalaya nuwun | sandika sarwi wotsinom ||

25. Martalaya Tumênggung | sandika nulya sami wotsantun | sri narendra jêngkar dènira siniwi | kundur malêbèng kêdhatun | sinigêg wau sang katong ||

26. gêntia kang winuwus | Pangran Pringgalaya siyaga wus | lan Tumênggung Martalaya amiranti | sawadya budhalan sampun | Pangran Rôngga milya bodhol ||

27. datan winarnèng ênu | ing nêgri Panaraga wus rawuh | lan Pangeran Jayaraga wus kêpanggih | Pangran Pringgalaya sampun | dhawuhkên sabda sang katong ||

28. Pangran Jayaragèku | ngrungu timbalan dalêm sang prabu | matur nuwun sandika inggih nglampahi | sru sangêt dènnya kaduwung | ing karsa kang wus kêlakon ||

29. rumaos lêpatipun | apan wus lumrahe tyang puniku | yèn wong kêna miturut dhinadhung eblis | èngête kêpanggih pungkur | yèn wus babak bunyak mlocot ||

30. marma wong urip iku | mubarang karya pinikir kruhun | kadadyane kang bakal pinanggih wuri | aja dadak ujag-ujug |

--- 2 : 172 ---

mijilakên tingkah awon ||

37. Mijil

1. Pangran Jayaraga anulya glis | garwa putra dandos | dunya brana dinandanan kabèh | Pangran Pringgalaya printah nuli | budhal mring Mêntawis | sawadyanya kêbut ||

2. Pangran Rôngga lan para bupati | wus sami pradandos | datan kari para bupatine | sami dhèrèk dhumatêng Mêntawis | lampahirèng margi | pêpikul andulur ||

3. tan winarna lampahirèng margi | warnanên sang katong | duk siniwi kêsaru praptane | Pangran Pringgalaya sêdayaning | kèndêl lampahnèki | pangurakan wau ||

4. ingandikan laju ngarsa aji | prapta ngarsa katong | Pangran Rôngga lan Martalayane | lan bupati papat Panaragi | andhèrèk sumiwi | Jayaraga tumut ||

5. anèng ngarsa dhingkul èsmu isin | tan arsa mulat wong | Pangran Jayaraga ing wirange | angandika kangjêng sri bupati | Pringgalaya nuli | Jayaraga iku ||

6. angkatêna lan saanak rabi | Masjid Watu kono | dunungêna dimèn wor dhêmite | aja sira wèhi batur siji | ya ta kang sinung ngling | sandika wotsantun ||

7. Pangran Pringgalaya turkên nuli | jarahan mring katong | Pangran Jayaraga sadarbèke | sri narendra sampun anampani | langkung sukèng galih | ngling malih sang prabu ||

8. Pangran Rôngga wis muliha nuli | samêngko karsèng ngong | sira ingsun pitaya ing gawe | ya tatanên [ta...]

--- 2 : 173 ---

[...tanên] tanah Panaragi | poma dene bêcik | aja na barênjul ||

9. Pangran Rôngga nalikane tampi | timbalan sang katong | gya sumungkêm ing kisma mukane | matur nuwun pasihan sang aji | saklangkung kapundhi | kapêtêk ing êmbun ||

10. sri narendra angandika malih | kabèh sanak ingong | tuwin para bupati sakèhe | lawan bocah-bocah ingsun mangkin | kawruhana sami | walêre kang surud ||

11. kangjêng rama kang uwis suwargi | timbalane mring ngong | sanak ingsun lawan sakabèhe | dikakake padha atut sami | sapa kang miwiti | agawe tan ayu ||

12. pêsthi padha anêmu bilai | anandhang wirangrong | nistha papa tinêmu yêktine | samêngko wis ana kang nglakoni | miwiti tan yukti | kangmas Pugêr iku ||

13. lan si adhi Jayaraga iki | iku ta wong roro | nêmu papa samêngko têmahe | sri narendra gya jêngkar siniwi | malêbèng jro puri | kang siwaka sampun ||

14. bubar sowang-sowangan prasami | ya ta kacariyos | sri narendra wus gangsal putrane | pêmbayune Dèn Mas Rangsang nami | kang kalih pawèstri | Ratu Wandhan juluk ||

15. katri Radèn Mas Pamênang nami | sêkawane mangko | Dèn Mas Martapura pêparabe | nanging gadhah sakit ewah galih | mêmangsan kang sakit | de wuragilipun ||

16. Radèn Cakra ingkang akêkasih | malih

--- 2 : 174 ---

winiraos | Pangran Mangkubumi nwidwi putrane | kang pambajêng wus dadya bupati | anama Dipati | Sokawati wau ||

17. ingkang rayi sinungan kêkasih | Bagus Pethak dados | bupati ing Madiun nêgrine | Pangran Singasari wus sêsiwi | satunggil anami | Pangran Blitar bagus ||

18. Jêng Pangeran Pringgalaya nênggih | mangke cinariyos | kathah nanging kang kacrita mangke | mung kêkalih kang satunggil nami | Wiratruna kalih | Martasana patut ||

19. Adipati Môndraka kang siwi | sêkawan kacriyos | bajêng Pangran Mandura parabe | Pangran Dipati Wirapraba kalihLebih satu suku kata: Dipati Wirapraba kêkalih | tri Pnêmbahan nami | Juru Kithing catur ||

20. wuragile pawèstri akrami | garwanya sang sinom | Adipati Batang nêgarane | Pangran Mandura wus putra kalih | kang sêpuh kêkasih | Pangran Danurjèku ||

21. kalihira nama pangran mangkin | KupasôntaUpasônta anom | cinarita sang nata lamine | madêg nata nèng nêgri Mêntawis | kalih wêlas warsi | mangkana sang prabu ||

22. gêrah sangêt pinuju sang aji | nèng Krapyak duk andon | para putra angadhêp sang rajèng | pra sêntana pêpakan ing ngarsi | miwah Ki Dipati | Môndaraka ngayun ||

23. sri narendra angandika aris | eyang wêkas ingong | lawan Ki Mas Purubaya têmbe | inggih benjing ing sapêngkêr mami | kang kula lilani | jumênênga ratu ||

24. anggêntosi panjênêngan [panjênêng...]

--- 2 : 175 ---

[...an] mami | buyuta putrèngong | Dèn Mas Rangsang punika ing têmbe | karatone punjul angluwihi | wontên tanah Jawi | luhur drajatipun ||

25. angukuliangungkuli kula lan suwargi | jêng rama sang katong | tanah Jawa suyud sêdayane | rèhning eyang kula duk ing nguni | inggih anggadhahi | kudangan putrèngsun ||

26. buyut sampeyan Martapurèki | kêkudangan ingong | Martapura gumantia rajèng | anggantosa panjênêngan mami | gih punika ugi | dèn adêgna ratu ||

27. pan kinarya sarat sabda mami | luwara jar ingong | yèn wus rampung tumuntêna sèlèh | karatone mring pun Rangsang benjing | sang nata nabda ris | mring putra sêdarum ||

28. lan sêntana-sêntana ngong sami | tuwin sanak ingong | dene bêcik sapungkur sun têmbe | lan dèn atut ywa sulayèng kapti | sapa kang miwiti | ywa nêmu rahayu ||

29. wis karia dèn angati-ati | ing sapungkur ingong | sri narendra anulya lalise | para garwa putra anjrit nangis | sêntana nglud nangis | swaranya gumuruh ||

30. wus cinêndhak sedanya sang aji | rêrêngganing layon | sinarèkkên anèng ing dagane | ingkang rama tuwin eyang swargi | sedane sang aji | sinêngkalan madu ||

38. Dhandhanggula

1. tata obah kang wisaya ajiSengkalan: tata obah kang wisaya aji (1565 A.J.). | sedanipun jêng sultan nèng Krapyak | apan tunggal sêngkalane | lawan jumênêngipun | ingkang putra gumantya [guma...]

--- 2 : 176 ---

[...ntya] aji | Sultan Agung Mêntaram | mangkana winuwus | marêngi ing dina Soma | pêpak andhèr sagunge punggawa mantri | sumiwi pasewakan ||

2. pra prajurit ngalun-alun mêrgil | pra pangeran sewaka sêdaya | upacaraning kêraton | pêpak andhèr supênuh | nèng sitinggil dènnya miranti | Dipati Môndaraka | Pangran Purbayèku | nganthi Radèn Martapura | nèng sitinggil linênggahkên dhamar rukmi | Dipati Môndaraka ||

3. lan Jêng Pangran Purbaya ing kering | abêbisik Dipati Môndraka | dhumatêng kang madêg katong | mêngko ta sang aprabu | yèn sira sun adêgkên aji | sirèku apasraha | kêraton Mêntarum | ya marang Radèn Mas Rangsang | kang wawêling ramanira kang wus swargi | Sang Prabu Martapura ||

4. anuruti sagunge kang wêling | Jêng Pangeran Purubaya sigra | angadêg sora wuwuse | sagunge wong Mêntarum | pyarsakêna jar ingsun mangkin | Rahadèn Martapura | sun adêgkên ratu | gumantia ingkang rama | amêngkoni kaprabon nêgri Mêntawis | yèn ana kang mangkêla ||

5. têkakêna ing samêngko iki | ingsun dadi mungsuhira padha | saur kukila sagunge | inggih sami jumurung | nulya urmat mariyêm muni | swara lir arga bêntar | bêdhil munya barung | swaranira barondongan | ambarungan swaraning gamêlan muni | kadya mêcahna karna ||

6. wusnya sirêp ingkang urmat muni | Prabu Martapura sru ngandika | padha

--- 2 : 177 ---

kawruhana kabèh | ingsun wus madêg ratu | ing samêngko karsèngong iki | sun sèlèh palungguhan | gon sun dadi ratu | iya marang Dèn Mas Rangsang | awit saking dhawuhe jêng rama swargi | lah padha èstrènana ||

7. kang sewaka sami saur pêksi | urmat muni swaranya mabyungan | sang prabu anulya age | saking dhampar lumungsur | ingkang raka dipun aturi | pinarak ing dhampar mas | Pangran Purbayèku | asora malih ngandika | hèh sagunge wadyabala ing Mêntawis | samêngko sêksènana ||

8. Dèn Mas Rangsang kang gumantya aji | wit pasrahe Prabu Martapura | Dèn Mas Rangsang samêngkone | jêjuluk Sultan Agung | Senapati Ngalaga tuwin | Durrahman Sayidina | Nata Din Mêntarum | sapa kang tan ngèstokêna | utawine ana kang masgul ing batin | saiki têkakêna ||

9. ingkang dadi saniyating ati | ingsun mungsuhira ing ayuda | sagung wong Mêntaram kabèh | prasami saur manuk | inggih inggih sami mèstuti | urmat awantya-wantya | lir prawata gugur | wusira wastra tigasan | awêrata binage sagunging dasih | sang nata sigra jêngkar ||

10. kundur malbêt dhumatêng jro puri | cinarita nêgari Mêntaram | duk Sultan Agung jênênge | gêmah ripah sawêgung | sarwa tulus tinandur dadi | sirna kang doracara | kaprabawèng ratu | ajêg adil palamarta | angungkuli kang rama kang eyang swargi | wadya jrih asih bapa ||

--- 2 : 178 ---

11. jêjuluknya kangjêng sri bupati | Sultan Agung Anyakrakusuma | misuwur langkung sêktine | sabên Jumuwah wau | asêmbayang mring Mêkah bangkit | amung sakêdhap netra | sang nata wus rawuh | karamate sri narendra | ya ta gênti ingkang cinarita malih | dene Ki Môndaraka ||

12. langkung panjang yoswanira nênggih | ngantos mêningi ratu têtiga | duk Sultan Agung jênênge | Ki Môndaraka iku | anêmahi tumêkèng lalis | sinare ing Mêntaram | wau kang winuwus | putrane Ki Môndaraka | ingkang wasta Pangeran Mandura nênggih | lan malih putranira ||

13. ingkang nama Kyai Adipati | Wirapraba inggih sampun seda | ing Gambiran sarehane | kang taksih gêsang amung | Juru Kithing panjang yuswèki | ya ta ing ari Soma | Kangjêng Sultan Agung | amiyosi siniwaka | pra sêntana tanapi bupati mantri | satriya ulubalang ||

14. pêpak andhèr tan ana kang kari | kangjêng sultan aris angandika | Tumênggung Suratanine | Suratani sirèku | ingsun duta ngluruga maring | ing tanah sabrang wetan | bala ing Mêntarum | lan kabèh para sêntana | amèlua ngêlurug lakunirèki | padha adunên aprang ||

15. sira ingkang dadi senapati | wong Mêntaram yèn mundur ing aprang | anèng satêngah palugon | sun wênangkên sirèku | anglunasi têngahing jurit | Suratani manêmbah | sandika anuwun [a...]

--- 2 : 179 ---

[...nuwun] | sang nata jêngkar sineba | malbèng pura ginarêbêg para cèthi | kang ngampil upacara ||

16. kawarnaa kang wontên ing jawi | Ki Tumênggung Suratani dandan | amêpakên gêgamane | sawênèh ngrakit sangu | ingkang sugih sarwa rumanti | dene kang datan gadhah | mring tôngga ngaluyur | kêlabakan utang-utang | kang madati jicinge binuntêl brêndhil | winor kêlawan jimat ||

17. bêdudane binuntêl prêmati | sinangkêlit cinothe ing ngarsa | kinalungkên calupake | binungkus abarukut | kawarnaa sawusing rakit | sagunge kang gêgaman | pêpak ngalun-alun | lajêng ujung mring sang nata | nyuwun idi wusira mijil sing puri | lajêng têngara budhal ||

18. bêndhe bèri tambur barung suling | mawurahan swarane lir gêrah | saking gung wadyabalane | cinêndhak rêngganipun | sagung ingkang umangkat jurit | lampahe kang gêgaman | mêdal gisik laju | pasisir môncanêgara | ingkang sampun karèh dhumatêng Mêntawis | sami tumut sêdaya ||

19. mila balinipun Suratani | anglangkungi saking agêngira | kunêng kang lumampah mangke | sang nata kang winuwus | sabudhale Ki Suratani | sang nata aparentah | mring Kyai Tumênggung | Jasupônta dhawuh nata | hèh ta sira Jasupônta ingsun tuding | ngulatna wong Mêntaram ||

20. ingkang ala lawan ingkang bêcik | sira dadi matapitaningwang [matapita...]

--- 2 : 180 ---

[...ningwang] | dene kang môngka samare | lakumu ingsun tuduh | dhawuhêna timbalan mami | Si Suratani aja | amêrêp ing ripu | mring nêgara Pasuruan | sabab durung mangsane ing wêktu iki | ambêdhah Pasuruan ||

21. konên angliwati bae dhingin | Jasupônta iku lakunira | kang môngka aling-alinge | Jasupônta wotsantun | tur sandika anulya pamit | ingidèn nulya budhal | ya ta lampahipun | Ki Tumênggung Jasupônta | tan winarna ing marga lampahe prapti | anèng ing pasanggrahan ||

22. nira Radèn Suratani aglis | dhinawuhan timbalan narendra | anuwun sandika ture | datan kawarna wau | enjing budhal sagunging baris | dumugi ing Winongan | nèng ngriku kêkuwu | arêrapoh bêbitingan | pôntha-pôntha sagunge para bupati | sawadya sowang-sowang ||

23. Adipati Bêlambangan tuwin | pra bupati liya-liyanira | wus sami myarsa wartane | lamun wadya Mêntarum | anglurugi Winongan baris | agêng gêgamanira | bupati sêdarum | tanah bang wetan siyaga | mêpak wadya gêgaman sampun rinakit | ya ta malih winarna ||

24. Radèn Suratani pan tinangkil | pêpak andhèr sagunging bupatya | Radèn Suratani linge | sagunge sanak ingsun | karsa kula inggih samangkin | Ki Tumênggung Lap-alap | lumampah aripu | akanthi [aka...]

--- 2 : 181 ---

[...nthi] bupati papat | amêrêpa Lumajang lan Rênong inggih | punapa sami rêmbag ||

25. sami matur sêdaya jurungi | Ki Tumênggung Alap-alap sigra | salaman bupati kabèh | anulya budhal sampun | saha wadya papat bupati | lampahnya sampun prapta | nèng tampinganipun | ing tanah kutha Lumajang | kawarnaa Dipati Lumajang nênggih | sampun miyarsa warta ||

26. lamun mangke wadya ing Mêntawis | arsa bêdhah ing kitha Lumajang | kêlangkung agêng barise | lajêng lolos mring gunung | garwa putra binêkta sami | Tumênggung Alap-alap | wus ngaturan wêruh | lamun Tumênggung Lumajang | lolos dalu lan sagarwa putranèki | angungsi dhatêng arga ||

27. gya parentah kinèn anututi | kang kêcandhak wadya kathah pêjah | nêgari Lumajang kabèh | lajêng jinarah sampun | binoyongan sagunging èstri | Tumênggung Alap-alap | aparentah wau | sêdayane kang jarahan | dinandanan utawi sagung pawèstri | ya ta sampun rumantya ||

28. ki tumênggung abudhalan bali | mring Winongan tan kawarnèng marga | wus prapta wau lampahe | Winongan lajêng tundhuk | senapati Dyan Suratani | katur sasolahira | rèhira ingutus | ing purwa madya wusana | lan ngaturkên sagung jarahan pawèstri | tuwin jarahan brana ||

29. Radèn Suratani sukèng galih | gya ginanjar Tumênggung Lap-alap | sapangadêg [sapa...]

--- 2 : 182 ---

[...ngadêg] busanane | lajêng bujana nginum | andrawina sagung bupati | asri ingkang gamêlan | larasira arum | wusira dènnya bujana | angandika sira Radèn Suratani | maring sagung bupatya ||

30. sanak kula kang para bupati | benjing enjing kula arsa budhal | lawan sanak kula kabèh | nagri Malang kinêpung | saur manuk sagung bupati | sandika nut ing karsa | kawarnaa esuk | Radèn Suratani budhal | saha wadya têngara bêndhe lan bèri | tambur suling wurahan ||

39. Asmaradana

1. asmaradana gumanti | Radèn Suratani budhal | lawan sawadyabalane | samêkta gêgaman yuda | lampahe anèng marga | atata sajuru-juru | datan winarna ing marga ||

2. watêsing Malang wus prapti | ya ta gênti winurcita | tumênggung ing Malang mangke | sampun amiyarsa warta | yèn wadya ing Mêntaram | ing Malang arsa ginêmpur | wadyane kadi samodra ||

3. dene kang dadi bupati | wontên ing nêgari Malang | Ki Tohjiwa pêparabe | Ki Tohpati patihira | sêmana pagunêman | kakang patih paran rêmbug | prakawis mêngsah Mêntaram ||

4. matur Ki Patih Tohpati | yèn gusti anglawan yuda | sayêkti dede tandhinge | upamine toya wangan | nêmpuh toya bêngawan | nuju banjir ingkang ranu | paran margane kuwawa ||

5. yèn upami nungkul [nung...]

--- 2 : 183 ---

[...kul] aris | dèrèng labêd ing ayuda | winastanan kirang bobot | tinarka wêdi palastra | dhatêng liyaning praja | sêmana sarêng angrungu | Kyai Tumênggung Tohjiwa ||

6. sêksana ngandika aris | lamun ta mêkatên kakang | sami pacak baris bae | angêkêb sajroning kitha | bètènge sinantosan | kya patih matur wotsantun | kawula dhatêng sumôngga ||

7. wus ngêkêb sajroning biting | sagunge wadya ing Malang | miranti sagung gamane | ya ta malih kawarnaa | sagung wadya Mêntaram | kitha ing Malang kinêpung | ya ta wau kang kocapa ||

8. Tumênggung Tohjiwa nênggih | pirêmbag lan patihira | kakang paran wêkasane | yèn awèta mêkatêna | yêkti kirangan têdha | dawêg kakang lolos dalu | angungsi dhumatêng arga ||

9. umatur rêkyana patih | punika langkung prayoga | ya ta dalu sigra lolos | lan sagarwa putranira | miwah kang wadyabala | lampahira gumarubyug | wus mêdal saking jro kutha ||

10. Radèn Suratani myarsi | kêlamun Tumênggung Malang | saking jro kutha wus lolos | gya parentah nututana | ya ta wadya Mêntaram | nututi ing lampahipun | kang lolos Tumênggung Malang ||

11. lajêng kinarutug bêdhil | wadya Malang bubar-bubar | mawut saparan-parane | lajêng mundur wong Mêntaram | marang kitha ing Malang | anèng ngriku sami kumpul | enjinge

--- 2 : 184 ---

lajêng budhalan ||

12. mangilèn lampahirèki | samarga-marga angrayah | kunêng gênti winiraos | pangeran ing Surabaya | sampun miyarsa warta | kêlamun wadya Mêntarum | anglurug dhatêng brang wetan ||

13. sêmana lajêng ngutusi | para bupati brang wetan | Lasêm Tuban Lamongane | Gêrsik kêlawan Madura | Kadhiri Pasuruan | mringa Surabaya kumpul | rêroncène tan winarna ||

14. gêlise carita prapti | wus kumpul nèng Surabaya | samêkta wadyabalane | gêgamane warna-warna | kadya samodra bêna | ya ta abujana sampun | ngiras anggusthi ngayuda ||

15. Pangran Surabaya angling | kadospundi pirêmbagnya | sagung kadang-kadang ingong | prakawis praptaning mêngsah | ingkang saking Mêntaram | kang para bupati matur | prayogi pinêthuk yuda ||

16. suwawi dipun tututi | lampahe wadya Mêntaram | yèn dados sami rêmbage | suwawi dipun atura | pundi ingkang prayoga | kang dados têtindhihipun | wadyabala ing Madura ||

17. môngka dados senapati | Radèn Panji Pulangjiwa | prawira têguh lan atos | sêmbada bagus agagah | nêgari liyanira | pan inggih bupatinipun | anindhihi sowang-sowang ||

18. mring sagung wadyane sami | sagunge para bupatya | sampun prayoga ature | sêksana nêmbang têngara | bêndhe bèri sauran | suling barung

--- 2 : 185 ---

lawan tambur | têngara mangsah ngayuda ||

19. wus budhal sagunging baris | ginêlak anèng ing marga | kunêng gênti winiraos | Radèn Suratani myarsa | pawarta tinututan | ya ta kèndêl lampahipun | nèng kilèn lèpèn Andaka ||

20. makuwon atata baris | tinon saking ing môndrawa | langkung asri pakuwone | sajuru-juru kuwunya | gamêlan sami munya | pakuwon sami tumênggung | tan môntra nèng paglurugan ||

21. kunêng malih kang winarni | lampahe wadya brang wetan | samêkta sagêgamane | samarga agiyak-giyak | sinêru lampahira | suwaranira gumuruh | prasami nglagari wana ||

22. lampahira sampun prapti | wetane kali Andaka | lajêng tata pakuwone | sêmana wadya Madura | lan sagung pra bupatya | samêkta barise sampun | anèng sapinggir narmada ||

23. pakuwon sampun rinakit | anèng sawetan narmada | asri tinon pakuwone | ing dalu sami kumpulan | anèng pakuwonira | Radèn Panji Madurèku | bujana ngiras gunêman ||

24. Panji Pulangjiwa angling | paran rêmbag benjang enjang | ing ayuda prayogine | matur Dipati Lamongan | lamun parêng sêdaya | inggih dintên besuk esuk | nèng wetan kali Andaka ||

25. prayogi apacak baris | wong Mêntaram pinrih nyabrang | ènthèng linawan yudane | tinadhahan saking [sa...]

--- 2 : 186 ---

[...king] dharat | Dyan Panji Pulangjiwa | utawi para tumênggung | sêdaya prasami rêmbag ||

26. inggih punika prayogi | kalamun kadya mangkana | ya ta dalu ing enjinge | Radèn Panji Pulangjiwa | tuwin sagung bupatya | wus rinakit barisipun | nèng wetan kali Andaka ||

27. gêgaman awarni-warni | anggabag kang wadyabala | tanpa wilangan balane | kunêng gênti winurcita | Dyan Suratani sigra | anêmbang têngara umung | baris sakilèn narmada ||

28. wus tinata ingkang baris | anggamêng gêgamanira | datanpa gaman balane | tikswara panjrah angrangap | sampun sawang-sinawang | bêdhil lan swara gumrudug | kadi mêcahêna karna ||

29. wong wetan kathah kang kêni | ing mimis pan lajêng pêjah | Tumênggung Lamongan age | anglela pinggir narmada | sarwi amandhi tumbak | pinayungan sarwi lungguh | miwah sagunging bupatya ||

30. atarap sapinggir kali | Radèn Panji Pulangjiwa | angadêg mandhi watange | Radèn Suratani lawan | sagung para bupatya | waspada dènira dulu | datan sêdya amundura ||

40. Durma

1. Ki Tumênggung Lamongan asumbar-sumbar | hèh payo wong Mêntawis | yèn nyata wong lanang | sira nuli nyabranga | sun tadhahi padha siji | dudu prawira | tan wani nyabrang kali ||

2. angur sira muliha macula sawah | bari angona sapi | prajurit [prajuri...]

--- 2 : 187 ---

[...t] Mêntaram | turune wong bêrandhat | ing prang padha wêdi mati | môngsa padhaa | lawan wong wetan iki ||

3. pan bupati prajurit kuna-makuna | dhasar têrah narpati | Suratani myarsa | lir sinêbit karnanya | jaja bang mawinga wêngis | angatag bala | sami anggêbyur kali ||

4. gya tumandang sagunge wadya Mêntaram | sami anggêbyur kali | tan angetang baya | wadya brang wetan tadhah | anèng sapinggiring kali | angeca-eca | numbaki ambêdhili ||

5. wong Mêntaram sampun kathah ingkang pêjah | tan pisan môngga pulih | kang toya mili rah | bangke pating kurambang | ya ta Radèn Suratani | ningali wadya | Mêntaram kathah mati ||

6. krodha riwut lajêng anggêbyur narmada | kalêlêp anèng warih | ya ta lajêng pêjah | Tumênggung Alap-alap | miyat senapati mati | wadya Mêntaram | prasami dèn sapihi ||

7. sami mundur sêdaya kang maksih gêsang | ngumpul pakuwonnèki | lajêng ingupaya | Suratani layonnya | sêmana sampun pinanggih | tinrap bandhusa | ya ta wadya Mêntawis ||

8. pakumpulan anèng ing pakuwonira | sagung para bupati | Tumênggung Lap-alap | alon pangucapira | sanak kula pra bupati | lamun mangkana | yudane wong Mêntawis ||

9. sangêt susah tan sagêd ingkang ayuda | bilai margi warih | yèn parêng ing karsa | mangke dalu sêdaya | sumôngga anyabrang kali [ka...]

--- 2 : 188 ---

[...li] | ngupaya marga | sabrangan ingkang têbih ||

10. inggih lawan pakuwone wong brang wetan | wau para bupati | asaur kukila | inggih prayoga môngga | anuntên dipun lampahi | nuding ngupaya | sabrangan ingkang têbih ||

11. lan pakuwon wadyabala ing brang wetan | ing siyang wusing ratri | wadya ing Mêntaram | sêdaya sampun budhal | prasami anyabrang kali | tanpa sêbawa | wau sagung prajurit ||

12. lan bupati wus nyabrang kali sêdaya | sagêgaman tan kari | wus têlas sêdaya | prapta wetan narmada | lajêng sami pacak baris | nata gêgaman | barise amiranti ||

13. byar raina bêndhene tinabuh ngangkang | barung kêlawan bèri | tambure brang-brangan | salomprèt mawurahan | wong wetan sarêng ningali | wadya Mêntaram | sampun anyabrang kali ||

14. kagegeran kuwur dènnya nata bala | sagung para bupati | wadya ing Mêntaram | Tumênggung Alap-alap | lajêng angabani dasih | mangsah sêdaya | sagung wadya Mêntawis ||

15. tandangira kadi singa lodra galak | lir buta monah daging | nutugkên nêpsunya | dukira kêni gêlar | angantêp pangamuknèki | wadya brang wetan | wus kathah ingkang mati ||

16. pra tumênggung brang wetan prasami bubar | lumayu ngungsi urip | ing saparan-paran | larut wadya brang wetan | mung wadya Madura maksih | gêgrêg barisnya | ya

--- 2 : 189 ---

ta wadya Mêntawis ||

17. aningali barisira wong Madura | ya ta tinêmpuh wani | rame yudanira | sagung wadya Madura | kadi wangan nêmpuh kali | datan kawarna | ya ta têtindhihnèki ||

18. wong Madura Radèn Panji Pulangjiwa | angamuk karo kêris | sampun katadhahan | rinampog wong Mêntaram | Panji Pulangjiwa mati | kuwandanira | jur amoh rontang-ranting ||

19. sirna larut wadyabala ing brang wetan | pakuwon dèn jarahi | wus kumpul sêdaya | sagung wadya Mêntaram | pirêmbag para bupati | mundur barisnya | mulih marang Mêntawis ||

20. lan ambêkta Suratani layonira | tinrap bandhusa nênggih | sêdaya sungkawa | sagung sêntananira | sira Radèn Suratani | kang wadya budhal | sagung bala Mêntawis ||

21. pan anglarug lampahe kang wadyabala | datan winarnèng margi | prapta ing Mêntaram | sang nata duk sineba | mênggêp anèng pôncaniti | wau praptanya | sagung para bupati ||

22. ingkang mêntas anglurug saking brang wetan | lajêng ngandikan ngarsi | aglar ngarsa nata | sang nata angandika | lakumu padha basuki | nuwun sêdaya | antuk pangèstu aji ||

23. ingkang dasih pukulun manggih raharja | mung Radèn Suratani | anêmahi lena | kasilêp ing narmada | sang nata sarêng miyarsi | sangêt ngungunnya | pêjahe Suratani ||

24. kang jarahan wus kunjuk nata sêdaya | ya ta wau

--- 2 : 190 ---

sang aji | anulya gêganjar | ing wadya kang mênang prang | wêrata praptèng pêkathik | Ki Saradipa | ngaturkên sêdayèki ||

25. pratelanya wadyabala ing Mêntaram | nalika têmpuh jurit | kang sêtya ing nata | utawi kang tan sêtya | sêdaya kunjuk sang aji | nulya sang nata | utusan paring uning ||

26. marang Radèn Suratani garwanira | kêlawan apêparing | slawate kang lena | sang nata nulya jêngkar | malêbêt sajroning puri | wus sami bubar | sowang-sowangan mulih ||

27. kawarnaa wusira ngalama-lama | wau sri narapati | jumênêngnya nata | anèng nêgri Mêntaram | wus antuk satêngah warsi | sri naranata | kang rama dèn aturi ||

28. Jêng Pangeran Purubaya malbèng pura | wus prapta anèng puri | lajêng tata lênggah | anèng ing prabayêksa | sang nata ngandika aris | eyang kularsa | inggih amangun jurit ||

29. yun uninga pratingkahe tyang ayuda | kula tindak pribadi | kitha Wirasaba | arsa kula prêp yuda | Pangran Purbaya turnya ris | langkung prayoga | ing karsa sri bupati ||

30. duk sêmana sang nata anulya mêdal | lênggah anèng pêndhapi | lawan ingkang eyang | Pangeran Purubaya | sang nata sigra anuding | nimbali wadya | bupati ngusap wèni ||

41. Sinom

1. parêkan kalih umentar | sapraptanira ing jawi | dhawuhakên [dhawuha...]

--- 2 : 191 ---

[...kên] sabda nata | Martalaya ngandika ji | ingandikan mring puri | Ki Martalaya agupuh | wus prapta pêlataran | sigra ingawe mangarsi | Martalaya andhadhap wus praptèng ngarsa ||

2. tumungkul dènira lênggah | muka lir konjêm ing siti | sang nata aris ngandika | Martalaya karsa mami | sira undhangna nuli | mring wadyaningsun Mêntarum | padha sadhiyèng yuda | sun arsa amangun jurit | anindaki ambêdhahi Wirasaba ||

3. pasisir môncanêgara | kang wus karèh ing Mêntawis | apadene wong Mêntaram | kêrigên aja na kari | ingsun tindak pribadi | Ki Martalaya wotsantun | manêmbah sigra mentar | sapraptanira ing jawi | gya utusan anglampahakên caraka ||

4. wus prapta môncanêgara | tuwin bupati pasisir | kang sampun karèh Mêntaram | miwah wadya ing Mêntawis | sêdaya sampun prapti | anèng ing Mêntaram kumpul | sagamaning ayuda | mangkana sri narapati | aparentah budhalakên wadyabala ||

5. têngara tinêmbang munya | gumêrah swara mêlingi | lampahe sapangkat-pangkat | lir pendah sela blêkithi | têlase pra bupati | anulya wau sang prabu | nitih turôngga pelag | sinongsongan kêrtas kuning | upacara anjajari wuri ngarsa ||

6. wurine sri naranata | pra pangeran anambungi | anglarut lampahing wadya | kunêng gênti kang winarni | Wirasaba winarwiwinarni | kang dadya bupatinipun | nama Pangeran Arya | umur

--- 2 : 192 ---

gangsal wêlas warsi | dhasar bagus sêmbada abêtah tapa ||

7. karêm kaprawiran yuda | dene kang dados pêpatih | anama Rôngga Pramana | digdaya tan pasah wêsi | prawira tur sinêkti | arosa tur têguh timbul | nanging punika gadhah | sakit lempoh saking alit | yèn ayuda utawi mariksa bala ||

8. tinandhu saparanira | Pangeran Arya winarni | alênggah anèng pêndhapa | kêlawan Rêkyana Patih | Jayapramana ngarsi | Pangran Arya ngandika rum | paran wartaning jaba | Jayapramana turnya ris | gusti kula mangke amiyarsa warta ||

9. sri narendra ing Mêntaram | inggih anglurug mariki | angêrig kang wadyabala | langkung gêng prajuritnèki | sêdaya pra bupati | kang wus kêbawah Mêntarum | kinêrig sêdayanya | tan wontên kantun ing puri | duk miyarsa ngandika Pangeran Arya ||

10. kalamun kadya mangkana | ing ngriki karoban tandhing | prayogi ngaturi priksa | inggih dhatêng Surawèsthi | nulya akèn nênulis | marang abdi carik gupuh | tan dangu nulya dadya | nuwala sinungkên aglis | marang mantri kêkalih ingkang dinuta ||

11. ngaturakên kang nuwala | mring Pangeran Surawèsthi | mantri kalih nêmbah mentar | sapraptanira ing jawi | lajêng dènnya lumaris | datan kawarna ing ênu | wus prapta Surabaya | sigra umarêk ing ngarsi | kang nuwala sampun katur jêng pangeran ||

12. Pangran Surabaya tômpa | nulya binuka kang tulis [tu...]

--- 2 : 193 ---

[...lis] | têbunge ingkang nuwala | sêmbah ulun ingkang mugi | ing padanta sang yogi | Jêng Pangeran Surèngkewuh | gustinya tyang brang wetan | kawula atur udani | sapunika Sultan Agung ing Mêntaram ||

13. angirid sagung punggawa | kang sampun karèh Mêntawis | kinêrig arsa mêrêp prang | ing Wirasaba ginitik | mila yèn nujwèng kapti | kawula anyuwun bantu | prajurit Wirasaba | kuciwa sangêt kang tandhing | pama kalèn anêmpuh kali bêngawan ||

14. titi panukmaning sêrat | pangeran ing Surabanggi | sawusnya amaos sêrat | gya patih ingkang tinuding | dhatêng Sumênêp tuwin | Lamongan Gêrsik Sêdayu | Balega Pakacangan | Tuban Japan lawan malih | Pasuruan utawi ing liyanira ||

15. kang kabawah Surabaya | prasami dipun pundhuti | bantu prajurit arahan | utawi ingkang nindhihi | ya ta datan winarni | lampahe carakanipun | sêdaya pra bupatya | kang urunan sampun prapti | sami jujug dhatêng nêgri Wirasaba ||

16. gêgaman awarna-warna | wadya gung datanpa wilis | kumpul anèng Wirasaba | pakuwon kadya jêladri | wantu nêgari alit | katêkan prajurit agung | pondhoke wadyabala | balèbèr dhatêng wanadri | jurang-jurang dadya pakuwoning wadya ||

17. Pangeran Arya parentah | wus kinèn akarya biting | tumandang sagunging wadya | tan alami nulya

--- 2 : 194 ---

dadi | langkung kukuh kang biting | wadya gung kinèn akumpul | mondhok jro pabitingan | sêdaya angati-ati | kunêng gênti winarna sri naranata ||

18. ing Mêntaram saha wadya | ing Wirasaba wus prapti | lajêng tata pêsanggrahan | anèng dhusun Paladadi | pondhok lir nêgri ngalih | sagung wadya ing Mêntarum | nèng ngriku kathah gêrah | kadhêmên tuwin panastis | sri narendra kêlangkung sungkawèng driya ||

19. ya ta wau sri narendra | nèng pêsanggrahan siniwi | sagunge para sêntana | miwah sagunge bupati | pêpak sami anangkil | munggèng ngarsanya sang prabu | sang nata angandika | paran pakarya puniki | wadyaningsun akèh ingkang nandhang lara ||

20. apa ta nora prayoga | winurungkên gone jurit | mundur marang ing Mêntaram | Martalaya duk miyarsi | dhawuhe sri bupati | lir sinêbit karnanipun | jaja bang winga-winga | kumêdut padoning lathi | netra andik lir pendah ngêmu rudira ||

21. seta rêta parisura | kadya Radyan Balisiwi | rikalanira dinuta | mring Bathara Rama nguni | marang Ngalêngka nêgri | panggih lan Rahwana Prabu | ulatira agalak | nanging kang pitêmbung aris | nêmbah matur dhuh gusti musthikaning rat ||

22. kang kagungan jagad Jawa | ingkang ngrahmati ing dasih | saking kamipurun amba | umatur sri narapati | timbalan dalêm gusti | ingkang rumêntah ing ulun | prakawis sande yuda | karsa

--- 2 : 195 ---

kondur mring Mêntawis | yèn aparêng sampun ta kadya mangkana ||

23. yèn sagung para punggawa | dèrèng tumpês ing ajurit | pukulun sri naranata | sampun anêdhaki jurit | ngamungna ingkang abdi | ingkang umangsah ing ripu | suka dadosa haram | lumados ayahan gusti | jêng pukulun siniwia pêsanggrahan ||

24. mung idin paduka nata | mring dasih ingkang kapundhi | Jêng Pangeran Purubaya | aris dènira nambungi | lêrês unjuking dasih | pun Martalaya puniku | tuwin para sêntana | sêdaya sami mèstuti | mring ature Ki Tumênggung Martalaya ||

25. sang nata aris ngandika | lamun ta kadya puniki | dhuh Jêng Eyang Purubaya | sampeyan ingkang nindhihi | sagung wadya Mêntawis | sumôngga têmpuh ing ripu | sang nata malih nabda | hèh Martalaya dèn nuli | kêlakona ingkang dadi aturira ||

26. nêmbah umatur sandika | sigra jêngkar sri bupati | Martalaya praptèng jaba | têngara tinêmbang muni | bêndhe bèri tinitir | salompèt barung lan tambur | kirab sagunging wadya | sêdaya para bupati | ngirid bala ngêpung kutha Wirasaba ||

27. bitinge wong Wirasaba | rinangsang wadya Mêntawis | sagunge wong Wirasaba | prasami nadhahi jurit | saking sanginggil biting | bêdhil towok gamanipun | wadyabala Mêntaram | kathah pêjah kathah kanin | lajêng mundur prasami amêsanggrahan ||

28. kasaput dalu sêmana |

--- 2 : 196 ---

sêdaya sami prihatin | dene datan sagêd minggah | wong Wirasaba kang biting | lawan kêsaput ratri | sêmana wau sang prabu | sarêng miyarsa warta | yudane wadya Mêntawis | karsanira kundur dhumatêng Mêntaram ||

29. Jêng Pangeran Purubaya | ingkang sangêt angêkahi | lan Tumênggung Martalaya | angampah karsa sang aji | Martalaya turnèki | dhuh pukulun sang aprabu | upami botên bêdhah | ing Wirasaba puniki | suka pêjah kang dasih pun Martalaya ||

30. sênadyan malih wêwaha | kang mêngsah ulun dèrèng jrih | inggih benjing ta punapa | ulun naur sih narpati | yèn tan pêcahing kulit | rêmuke balunging ulun | lawan milining êrah | pêcating jiwamba gusti | sih narendra kang wus kapungkur rumêntah ||

42. Pangkur

1. dhumatêng dasih sêdaya | dèrèng cêkap sinaurana pati | mila gusti sampun-sampun | karsa ngundurkên yuda | tingalana ingkang dasih sêtyanipun | dhatêng paduka narendra | Pangran Purbaya nambungi ||

2. anggèr kangjêng sri narendra | dèn pracaya aturipun kang dasih | lan malih paduka prabu | kang agung angapura | aparinga piwêlas ing dasihipun | upami tan tinurutan | aturipun ingkang dasih ||

3. dados paduka narendra | ingkang nyêgah sêtya tuhuning dasih | wusana wau sang prabu | arum dènnya ngandika | yèn mêngkono dèn kêlakon saaturmu | ya ingsun idini sira | Martalaya [Marta...]

--- 2 : 197 ---

[...laya] awotsari ||

4. lèngsèr saking ing ngayunan | praptèng kuwu busanane asalin | amangangge sarwa bawuk | rasukan têtambalan | sarêng enjing Martalaya anyêlamur | amindha-mindha wong kompra | lajêng amomor pêkathik ||

5. pêkathik ing Wirasaba | sami rubung kumpul padha pêkathik | arsa kesah ngarit rumput | ngalumpuk ngara-ara | ana nginang kang sawênèh ana udud | ana kang sarapan sêga | wênèh nguntut sêga aking ||

6. lajêng momor Martalaya | lan pêkathik tan ana kang ngawruhi | reka-reka mipil jagung | ingkang mêntas binakar | pêkathik ing Wirasaba aranipun | Lodrajaya aggalunat | sêmbrana tur acariwis ||

7. angucap ing kancanira | Surareka arane kancanèki | Surareka wong Mêntarum | padha sêdhih atinya | datan bisa malbu jroning biting iku | ingsun duga banjur minggat | mulih marang ing Mêntawis ||

8. wus katon môngsa bisaa | ngrangsang biting Surareka nauri | cobak yèn mungguha ingsun | dadia wong Mêntaram | gampang bae angunggahi biting iku | sênadyan bubraha pisan | kabèh iya ja na kari ||

9. Lodrajaya asru bêntak | sira iku ngucap têka kumaki | mara priye ta akalmu | mring luhur biting munggah | gêgamanmu bisa bubrah biting iku | arapêt kukuh tur rosa | Surareka anauri ||

--- 2 : 198 ---

10. lah ta mara tohmu apa | Lodrajaya bêngis dènnya nauri | totohan sukêt sêpikul | Surareka lingira | ingsun munggah mring biting kang luhur iku | ingsun iya nganggo ôndha | yèn aku ambubrah biting ||

11. bok ta nganggo tumbuk ingwang | palu-palu utawi gawa linggis | tatah pêthèl tuwin wadung | dadak ta nora bubrah | lah ta mara matura marang gustimu | yèn kêparêng ingsun bubrah | padha sadhela barêsih ||

12. Lodrajaya asru ngucap | lah jajalên sira rêp angayoni | pêsthi yèn tugêl gulumu | Martalaya suka myarsaLebih satu suku kata: Martalaya miyarsa | kaya bênêr wong iku gone cêlathu | baya pitulunging Suksma | wong akèh gya bubar ngarit ||

13. Martalaya sigra kesah | mantuk marang pêsanggrahan wus prapti | parentah para tumênggung | sami akarya ôndha | tatah pêthèl wadung utawine pêrkul | tumbuk rinakit sêdaya | kang gawa sagung wong cilik ||

14. dene kang gawa gêgaman | sampun rakit sagunge kang prajurit | tumênggung sajuru-juru | kang pasthi gawa ôndha | tatah pêthèl wadung pêrkul miwah tumbuk | asikêp gêgaman pêdhang | sêdaya sampun rinakit ||

15. ing dalu datan kawarna | enjing muni têngara mangsah jurit | bêndhe bèri munya ngungkung | tambur suling wurahan | ngrampit biting tandange wadya Mêntarum | ingkang bêkta pêrkul tatah | wadung tumbuk miwah linggis ||

16. ginangsiran bitingira |

--- 2 : 199 ---

kang sawênèh biting dipun wadungi | ana masang andhanipun | prajurit ing Mêntaram | sami minggah saluhuring biting wau | wadyabala Wirasaba | mapag yuda luhur biting ||

17. angrutugi kolontaka | towok srampang tanapi ngrutuk bêdhil | wadya Mêntaram kèh tatu | sawênèh ana pêjah | ingkang wuri malêbêt biting kang rubuh | wong Mêntaram ngamuk rampak | kang prajurit kadi bêlis ||

18. sagung wadya Wirasaba | kagegeran kang anèng ing jro biting | wong Mêntaram ngamuk riwut | wadya ing Wirasaba | têtumpêsan Ki Rôngga Pramana lampus | kinêthok gulune nulya | kang sirah pinanjêr aglis ||

19. Pangran Arya Wirasaba | wus pinikut dening wadya Mêntawis | parèstri binoyong sampun | dunya brana jinarah | wus barêsih Wirasaba isinipun | Ki Tumênggung Martalaya | undhang wadya sami bali ||

20. sarwi ambêkta jarahan | lampahira sêmana sampun prapti | pêsanggrahaning sang prabu | ing Paladadi lagya | sri narendra siniwi sêntana wau | kêsaru ing praptanira | sagunge para bupati ||

21. ingkang mêntas mênang aprang | sri narendra ya ta ngandika aris | padha sêlamêt lakumu | matur nuwun sêdaya | Martalaya alon wau aturipun | pukulun sri naranata | anyaosakên pun patik ||

22. sagunge ingkang jarahan | dunya brana lawan boyongan èstri | lan [la...]

--- 2 : 200 ---

[...n] Wirasaba Tumênggung | kang nama Pangran Arya | wus kapikut sumaos ngarsa sang prabu | pun Rôngga Pramana pêjah | wontên samadyaning jurit ||

23. kang murda sampun katigas | wadya alit tumpêsan angêmasi | angandika sang aprabu | hèh iku Martalaya | Pangran Arya tarinên ingkang satuhu | apa urip apa pêjah | Martalaya awotsari ||

24. wau ta Ki Martalaya | alon angling Pangran Arya sun iki | dinuta marang sang prabu | dhawuhkên kang timbalan | kinèn mundhut aturira kang satuhu | apa urip apa pêjah | Pangran Arya amangsuli ||

25. manira anêdha pêjah | nora sêdya ngawula wong Mêntawis | Ki Martalaya umatur | dhuh gusti sri narendra | Pangran Arya Wirasaba nuwun lampus | sang nata nuli adhawah | marang juru tuwak nuli ||

26. sang nata malih ngandika | yèn wus mati Si Pangran Arya aglis | jisime larungên laut | dene Rôngga Pramana | jisimira pêndhêmên ingkang barukut | kubur panjêrana layang | yèn ana warise nitik ||

27. rampung timbalan narendra | sigra lajêng malbèng sanggrahan nuli | enjingira sang aprabu | ngundhangi wadyabala | karsa kundur dhumatêng nêgri Mêntarum | sagunge kang wadyabala | sêdaya wus sami mêrgil ||

28. têngara tinêmbang ngangkang | sampun kundur wau ta sri bupati | lan sawadyabala daut | datan kawarnèng marga | sampun prapta sang nata

--- 2 : 201 ---

lajêng ngêdhatun | bêdhahira Wanasaba | ing mangke dèn sêngkalani ||

29. rêsi obah tata janmaSengkalan: rêsi obah tata janma (1567 A.J.). | kunêng mangke gêntia kang winarni | pangeran ing Surèngkewuh | sami apirêmbagan | pra bupati ing tanah brang wetan kumpul | anèng nagri Surabaya | Pangran Surabaya angling ||

30. sanak-sanak ngong sêdaya | pra bupati paran ing rêmbagnèki | prakawis tiyang Mêntarum | ngoyak-oyak kewala | kaping têlu mring tanah brang wetan nglurug | ing mangke karsa manira | suwawi mêgatruh jurit ||

43. Mêgatruh

1. prayogane tiyang brang wetan sêdarum | suwawi sami malêsi | ambêdhah nêgri Mêntarum | lamun tan mêkatên ugi | sêlamine botên kapok ||

2. pêsthi dadya dènira anguwus-uwus | umatur Tumênggung Gêrsik | atur kula yèn panuju | agampil tiyang ajurit | amung raharjaning lakon ||

3. nadyan yuda kang pinrih manggih rahayu | mila tur kula prayogi | mring Giri nyuwun pangèstu | mênawi Jêng Sunan Giri | ngidèni ing aprang rêmpon ||

4. langkung sae sêdaya sarênga rêmuk | arêrêmpon ing ajurit | mangrurah nêgri Mêntarum | sumôngga ing siyang ratri | kawula dhatêng lumados ||

5. Pangran Surabaya amiyarsa atur | saking Ki Tumênggung Gêrsik | kêlangkung dènnya jumurung | dawêg sanak pra bupati | dhatêng ing Giri asaos ||

6. ya

--- 2 : 202 ---

ta budhal Jêng Pangeran Surèngkewuh | lan sagung para bupati | tanah brang wetan sêdarum | asowan dhatêng ing Giri | sêdaya anulya bodhol ||

7. sampun prapta nèng Giri lajêng mangayun | ngandika Jêng Sunan Giri | kabèh ta padha rahayu | manêmbah para bupati | inggih sami karahayon ||

8. nêmbah matur pangeran ing Surèngkewuh | pukulun mila sumiwi | sagunge para tumênggung | inglih sami nyuwun idin | sumêja badhe rêrêmpon ||

9. amangrurah dhumatêng nêgri Mêntarum | ngandika Jêng Sunan Giri | wurungna iku karêpmu | sababe uwis pinêsthi | iya marang ing Hyang Manon ||

10. wong Mêntaram apan ta wis takdiripun | iya saturune benjing | angrèh tanah Jawa iku | lah padha muliha sami | tan wurung nêmu pakewoh ||

11. nêmbah nuwun para bupati sêdarum | lajêng mundur praptèng jawi | ingkang manah maksih masgul | dènnya sêdya anglurugi | Sultan Mêntaram rêrêmpon ||

12. pra bupati ngandêlkên kèh balanipun | lan sampun agolong pikir | sagunge para tumênggung | ing brang wetan sêdayèki | pamit saking Giri bodhol ||

13. sampun prapta anèng Surabaya kumpul | sagunge para bupati | prasami agunêm wuwus | pangeran ing Surawèsthi | pangarsane pra bupatos ||

14. ya ta matur wau Tumênggung Sêdayu | pundi ta ingkang prayogi | kamarganan ing

--- 2 : 203 ---

wadya gung | pangeran ing Surabanggi | sêksana ngandika alon ||

15. kajinêman Si Nayasuta wus wêruh | prayoga dinangu sami | ya ta kang para tumênggung | Nayasuta dèn timbali | dinangu marga kang anjog ||

16. ing Mêntaram mêtu ngêndi bêcikipun | Nayasuta awotsari | prayogi mêdal Madiun | mirah toya bêras pari | papan rata botên jêblog ||

17. ya ta wontên têlik saking ing Mêntarum | wus lami dènira ngabdi | marang ing Tuban Tumênggung | Randhuwatang ingkang nami | angawula sampun kanggo ||

18. Kyai Randhuwatang amiyarsa tutur | Nayasuta dènnya angling | sakêlangkung marasipun | sabab margine prayogi | kêlamun dèn ambah kang wong ||

19. ingkang sarta amirah têtêdhanipun | satêmah sarta nuruti | Ki Randhuwatang mangayun | umatur sarya wotsari | marang ing Tuban Bupatos ||

20. ingkang arsa ambêdhah nêgri Mêntarum | sru kamipurun pun patik | inggih angunjuki atur | mênggah prakawising margi | kamargan wadya gung andon ||

21. tan prayogi yèn mêdala ing Madiun | sabab ta ing Panaragi | Jagaraga ing Madiun | wus kabawah ing Mêntawis | ing margi kathah pakewoh ||

22. dados botên pijêr mlampah kang wadya gung | tamtu prang samargi-margi | dèrèng dumugi Mêntarum | wadya sampun kathah mati | Tumênggung Tuban lingnya lon ||

23. Ki Tumênggung Tuban [Tu...]

--- 2 : 204 ---

[...ban] anulya umatur | dhatêng Pangran Surawèsthi | utawi para tumênggung | Randhuwatang aturnèki | sêksana para bupatos ||

24. nulya wau sagung kang para tumênggung | lajêng angandika aris | Randhuwatang ingsun dangu | iya marang ing sirèki | ing ngêndi dalan kang anjog ||

25. ing Mêntaram dèn ambah prajurit agung | Randhuwatang aturnèki | mêdal Lasêm anjogipun | ingkang dhumatêng ing Pathi | punika margi sayêktos ||

26. ingkang pantês dèn ambah dêdamêl agung | mung Lasêm kalawan Pathi | mirah têdha mirah rumput | mirah toya kaping kalih | ing margi botên kuwatos ||

27. pra bupati sarêng amiyarsa atur- | ipun Randhuwatang nênggih | kêlangkung sukaning kalbu | asru panglêmbana yêkti | sêdaya tan ana wêroh ||

28. linoropkên sêdaya para tumênggung | kajinêman Surawèsthi | ingkang umatur saèstu | ginalih karya bilai | marma wong urip ywa nyak-nyok ||

29. luwih ewuh wong umatur mring wong agung | yèn tan wruh laraping budi | Ki Nayasuta puniku | umatur amrih basuki | ginalih agawe ewoh ||

30. Randhuwatang loropan aturanipun | sami ginalih sayêkti | yèn pinupus kang satuhu | satingkahing wong aurip | wus pinêsthi ing Hyang Manon ||

31. tulisane ingkang ana lokil makful | pêpêsthèn sawiji-wiji | tan kêna

--- 2 : 205 ---

owah sêrambut | mulane babo wong urip | kanthia prayitnèng batos ||

44. Kinanthi

1. Ki Nayasuta linampus | tinimbang para bupati | anglêbokakên loropan | ya ta sagunging bupati | brang wetan anulya budhal | anjog Lasêm dèn margèni ||

2. kunêng lampahing wadya gung | warnanên sang narapati | Jêng Sultan Agung Mêntaram | ing dina Soma siniwi | pêpak andhèr kang sumewa | tan ana kari sawiji ||

3. ya ta ngandhap wringin kurung | ana wong sila kêkalih | kawistarèng ing narendra | nulya kinèn animbali | wus kerid praptèng ngarsendra | sang nata ngandika aris ||

4. mara matura maringsun | paran sêdyanira kalih | caraka Pathi manêmbah | pukulun sri narapati | pun Adipati Santênan | unjuk uninga ing gusti ||

5. ing mangke para tumênggung | arsa nglurug mring Mêntawis | kangjêng sultan duk miyarsa | anulya parentah aglis | mring Tumênggung Alap-alap | pangandikanira aris ||

6. lumakua ingsun tuduh | abantua marang Pathi | kalawan sabalanira | Tumênggung Lap-alap nuli | ngabêkti nuwun sandika | jêng sultan parentah malih ||

7. Martalaya dèn agupuh | ngundhangi para bupati | amêpêka wadyabala | dèn samêkta ing ajurit | manirarsa mapak aprang | wong brang wetan ingkang prapti ||

8. tan cinatur roncènipun [roncè...]

--- 2 : 206 ---

[...nipun] | sagung gêgaman Mêntawis | anèng alun-alun aglar | sang nata parentah aglis | kinèn budhalan kang wadya | têngara budhal lumaris ||

9. kang bêndhe tinabuh ngungkung | wus budhal sagunging baris | datan winurcitèng marga | ing tanah Pajang wus prapti | sang nata amêsanggrahan | sakilène Pajang mêrgil ||

10. jêng sultan kagèt ing kalbu | ing Pajang Sang AdipatingAdipati | dene datan wontên sowan | abdi gandhèk gya tinuding | nimbali sarta mariksa | paran sababe tan prapti ||

11. caraka umêsat sampun | warnanên Pajang Dipati | anênggih wêktu punika | nêdya balela ing gusti | sampun akait kêlawan | brang wetan para bupati ||

12. sumêja gêmbul biyantu | ing benjing têmpuhing jurit | sampun atilar ing kitha | nèng Siwalan pacak baris | angajêng-ajêng praptanya | wadya brang wetan ing mangkin ||

13. kasaru caraka rawuh | saking kangjêng sri bupati | gandhèk kalih alon nabda | Dipati Pajang atampi | timbalane sri narendra | paran ta ingkang suwadi ||

14. tan umarêk ing sang prabu | samangke dipun timbali | Adipati Pajang gragap | ature dènnya nauri | ulun arsa amapag prang | mêngsah brang wetan kang prapti ||

15. arsa bêdhah ing Mêntarum | mênawi anuntên prapti | mila kula tan umarak | ing ngarsanipun sang aji | samangke kula ngandikan | sumôngga [su...]

--- 2 : 207 ---

[...môngga] ulun lumiring ||

16. Dipati Pajang sigra wus | kerid mring duta narpati | tan winarna lampahira | Dipati Pajang wus prapti | ing pakuwonnya sang nata | gandhèk kalih ingkang ngirid ||

17. praptane ngarsa sang prabu | sang nata ngandika aris | apa ta kang dadi sabab | ingsun kêkuwu amêrgil | anèng tanah bumi Pajang | sira prapta sun timbali ||

18. Dipati Pajang umatur | pukulun sri narapati | dhuh gusti nuwun aksama | saking gêng lêpating dasih | purun anglancangi karsa | ulun lajêng pacak baris ||

19. wontên ing Siwalan dhusun | sêdyamba amêthuk jurit | mêngsah brang wetan kang prapta | dadosa tawuring jurit | pun dasih datan gumiwang | mèsêm ngandika sang aji ||

20. wus sun apura luputmu | sang nata sajroning galih | nora pisan kasamaran | niyate sang adipati | nanging sinamun ing netya | kunêng malih kang winarni ||

21. sagunge para tumênggung | brang wetan angirid baris | sampun sami mêsanggrahan | sawetan Siwalan baris | tinata bitinganira | ajêng-ajêngan kang baris ||

22. kalawan baris Mêntarum | mila datan lajêng jurit | para bupati brang wetan | nênggih sami angantosi | dhatênge Dipati Pajang | sabab sampun sami kait ||

23. badhe kumpul barisipun | ing wusana Sang Dipati | Pajang datan wontên prapta | milanira ngantu lami | barise ayun-ayunan [a...]

--- 2 : 208 ---

[...yun-ayunan] | kunêng mangke kang winarni ||

24. kangjêng sultan ing Mêntarum | anèng pakuwon siniwi | sang nata aris ngandika | Martalaya dipun aglis | idêrana pakuwonnya | uwong ing brang wetan iki ||

25. kalangên pakuwonipun | saking kadohan kang bêcik | pangane pêpêtên jaba | aja wèh wong dagang manjing | dodol rupaning têtêdhan | aja awèh malbèng biting ||

26. sandika nêmbah gya mundur | parentah wadya turanggi | kinèn ngalang doh kewala | yèn ana wong golèk bukti | cinêkêla binôndaa | ya ta wadya ing Mêntawis ||

27. anganglang mubêng akêmput | wong brang wetan kang nèng biting | sami ngênês manahira | tan sagêd ngupaya bukti | katutuh prasami lara | kêlantur têmah ngêmasi ||

28. sagunge para tumênggung | kumpul nèng sajroning biting | Tumênggung Tuban anabda | paran ta ing rèh puniki | ngantosi Dipati Pajang | tita lamun cidra jangji ||

29. nêdha sami mangsah pupuh | tanpa wêkas nèng jro biting | têdha pinêpêt ing jaba | katutuh rencang samya gring | yèn ngantos lami punika | mindhak awêwah prihatin ||

30. ya ta kang para tumênggung | mangsuli langkung prayogi | rêmbage Dipati Tuban | suwawi dipun lampahi | inggih sampun kêlayatan | sêdaya mangsuli inggih ||

31. anêmbang têngara umung | baris mêrdalmêdal saking biting | bandera awarna-warna [awarna-...]

--- 2 : 209 ---

[...warna] | bêndhe bèrine tinitir | pratôndha mangsah ngayuda | ya ta malih kang winarni ||

32. wau Kangjêng Sultan Agung | wong Mêntaram dèn dhawuhi | kêkirap gaman mêlatar | têngara umangsah jurit | Ki Tumênggung Martalaya | kang dadya cucuking baris ||

33. ya ta Kangjêng Sultan Agung | nindhihi nitih turanggi | Ki Bicak tinabuh munya | angangkang anèng wiyati | pratôndha ungguling yuda | wong Mêntaram amiyarsi ||

34. swarane Ki Bicak ngungkung | amuluk anèng wiyati | tyasira sami gambira | kadi jangkrik dèn kilèni | Ki Tumênggung Martalaya | sigra ngangsahakên dasih ||

35. utawi para tumênggung | sami mangsah ing ajurit | anindhihi wadyanira | tumênggung bang wetan sami | ngangsahakên wadyanira | tan sêdya mundur ing jurit ||

45. Durma

1. campuhing prang arame sêrang-sinêrang | bêdhil mariyêm mati | atumbak-tinumbak | ana pêdhang-pinêdhang | sawênèh kêris-kinêris | wadya Mêntaram | lir buta môngsa daging ||

2. yudanira wong bang wetan karepotan | tan pisan môngga pulih | singa sinrang pêjah | kang urip nandhang brana | kang kari lumayu gusis | saparan-paran | dènira ngungsi urip ||

3. Ki Tumênggung Japan kinaroyok kathah | mati dipun tumbaki | pra bupati mulat | bubar samya lumalya | saparan arêbut urip | larut sêdaya | ya

--- 2 : 210 ---

ta ana wong siji || ||

4. kalesedan mêmêlas dènnya sêsambat | sigra dipun parani | marang wong Mêntaram | alon ing wuwusira | sira iku wong ing ngêndi | aranmu sapa | lan apa nandhang kanin ||

5. angêrintih mulung dènira angucap | gusti kula puniki | wasta Cêkruktruna | Talkurung wisma kula | kêbawah nêgari Tubin | mila kawula | sêsambat angêrintih ||

6. botên saking tatu anggèn kula yuda | sabab kula puniki | slamine tan têdhas | gaman sisa gurenda | utawi sisaning kikir | têguh kaliwat | kulit kula puniki ||

7. duk ing wau nalika ramening yuda | kula kinrutug mimis | rinampog ing tumbak | sinosok ganjur watang | pinêdhang dipun suduki | kula ca-eca | sawusing aprang nuli ||

8. sanguningsun jicing anèng kêkandhutan | sarêng kula gagapi | inggih sampun ical | badan kawula lungkrah | luh mêdal barêbês mili | kang umbêl mêdal | êbol mêtu sanyari ||

9. badhe kesah kula botên sagêd obah | bok inggih ta kiyai | sampeyan paringa | klèlèt kinarya tômba | wontêna saking sak miri | benjing yèn prapta | wontên nêgari Tubin ||

10. dika mangke kula wulang jampinira | tiyang mêdhot madati | sampun kantos lara | punika kula bisa | gèn kula gêguru nguni | tindhih [ti...]

--- 2 : 211 ---

[...ndhih] rong reyal | gumuyu kang sinung ngling ||

11. sampun sirna pra tumênggung ing bang wetan | sawadyanira gusis | Bupati Mêntaram | pakuwon jinarahan | sêdaya wus sami bali | para bupatya | mring pakuwon Mêntawis ||

12. Martalaya angaturakên jarahan | suka sri narapati | gya têngara budhal | kundur dhatêng Mêntaram | wus prapta anèng nêgari | lajêng gêganjar | mring wadya mênang jurit ||

13. datatita wolung wulan laminira | ya ta sri narapati | siniwi paglaran | pêpak sagung punggawa | sêntana tan wontên kari | sumiwèng nata | sang prabu ngandika ris ||

14. Martalaya lumakua ingsun duta | lawan gawaa baris | wadya ing Mêntaram | sêparo kang mèlua | sira bêdhaha dèn kêni | ing Pasuruan | Martalaya wotsari ||

15. sri narendra jêngkar kundur angêdhatyan | wau ta kang winarni | Kyai Martalaya | angrakit wadyabala | wus pêpak sêdayanèki | têngara budhal | lampahnya anèng margi ||

16. tan winarna sampun prapta Pasuruan | lajêng angangsêg wani | Bupati Suruan | rêmbug lan patihira | tan susah amapag jurit | angur nungkula | mundhak ngrusak wong cilik ||

17. wong Mêntaram pêrange upama setan | lah ta sirèku patih | ngrakita sugata | aywa ngakèhkên susah | gya manjêr bandera putih | kinarya tôndha | sampun [sampu...]

--- 2 : 212 ---

[...n] nungkul tan jurit ||

18. Martalaya waspada dènnya tumingal | ingkang bandera putih | sêksana parentah | dhumatêng wadyabala | aja na ngrusak wong cilik | bupatinira | wus nora sêdya jurit ||

19. ya ta wau bupati ing Pasuruan | sêksana mêthuk aglis | maring Martalaya | wus tundhuk ingaturan | malêbêt dalêmirèki | gya sinugata | rame-rame ing wêngi ||

20. tan winarna lamine nèng Pasuruan | wus budhal sawadyèki | mulih mring Mêntaram | sarta bêkta boyongan | pawèstri kalawan malih | sagung jarahan | dunya brana mawarni ||

21. lampahira sampun prapta ing Mêntaram | lajêng marêk sang aji | ngaturkên boyongan | pawèstri lan jarahan | rajabrana sêdayèki | kalangkung suka | wau sri narapati ||

22. gya ginanjar Ki Tumênggung Martalaya | lawan sakancanèki | wêrata sêdaya | praptèng pêkathikira | sigêgên gênti winarni | Dipati Pajang | rêmbag lan patihnèki ||

23. kang wêwangi nênggih Kyai Tambakbaya | paran ing rèh puniki | nguni awak kula | wus jangji lan pangeran | sumêja bêdhah Mêntawis | Ki Tambakbaya | alon aturirèki ||

24. yèn mêkatên kula dhatêng ing Mêntaram | inggih arsa pêpanggih | kêlawan Pangeran | Madurarêja rêmbag | ki adipati nglilani | sigra umangkat | Ki Tambakbaya aglis ||

--- 2 : 213 ---

25. sampun prapta Mêntaram lajêng asowan | dhatêng pangeran aglis | lajêng ingandikan | pirêmbag piyambakan | wus matêng dènnya pêrjanji | Ki Tambakbaya | gêgancangan gya mulih ||

26. praptèng Pajang kêpanggih sang adipatya | katur sêdaya titi | Sang Dipati Pajang | langkung agêng tyasira | warnanên sri narapati | miyarsa warta | Tambakbaya kang wajik ||

27. langkung bagus wêton Kêdhu kang turôngga | pantês kagêm sang aji | awit Jêng Pangeran | Mandurarêja ingkang | umatur dhatêng sang aji | sri naranata | gandhèk kalih tinuding ||

28. amundhuta kudane Ki Tambakbaya | dhawuh marang Dipati | Pajang sigra mentar | gandhèk kalih lumampah | sêmana ing Pajang prapti | sampun kêpanggya | lawan Pajang Dipati ||

29. tundhuk lajêng tata lênggah nèng pandhapa | gandhèk lon dènnya nglingKurang satu suku kata: gandhèk lon dènnya angling | Adipati Pajang | pêkênira tampia | timbalan dalêm sang aji | Sultan Mêntaram | kula dinutèng aji ||

30. amundhuta kudane Ki Tambakbaya | badhe kagêm narpati | ya ta Sang Dipatya | Pajang Kêdhu aturnya | sarèhning punika wajik | dede kawula | kang gadhah andanani ||

46. Asmaradana

1. turôngga ingkang gadhahi | pun Ngabèi Tambakbaya | èstu prayogi warnane | pantês kagêm ing narendra | inggih pun Tambakbaya | kula timbalane gupuh | sarta kuda dèn bêktaa ||

--- 2 : 214 ---

2. tan adangu nulya prapti | Ki Ngabèi Tambakbaya | sarta ambêkta kudane | lajêng tinimbalan lênggah | cêlak sang adipatya | Dipati Pajang ling arum | hèh Ngabèi Tambakbaya ||

3. iki dutane sang aji | amundhut turangganira | arsa dèn agêm sang katong | umatur Ki Tambakbaya | sangêt panuwun kula | sabab turôngga puniku | kawula rêmên piyambak ||

4. sigra lèngsèr saking ngarsi | praptèng jawi kang turôngga | lajêng tinugangantinunggangan age | kinitêrkên pêlataran | sarta amandhi tumbak | asora pangucapipun | dene têka eman-eman ||

5. jaranku dijaluk iki | marang wong liya apan ta | kulitku kiye tak gawe | aprang têlung sasi bangkat | sarwi jèwèr kulitnya | ya ta caraka Mêntarum | gêgêtun sarêng tumingal ||

6. Tambakbaya solahnèki | panglocitaning wardaya | wong polah kaya mangkene | pêpucuk nora prayoga | caraka pamit inggal | mring Dipati Pajang gupuh | linilan sigra umentar ||

7. gêgancangan lampahnèki | ya ta caraka Mêntaram | datan kawarna lampahe | lamine anèng ing marga | wus prapta lampahira | anèng ing nêgri Mêntarum | lajêng umarêk sang nata ||

8. sang nata nuju siniwi | aglar sagunging punggawa | pra sêntana pêpak kabèh | caraka kalih manêmbah | katur sasolahira | sêdaya [sêda...]

--- 2 : 215 ---

[...ya] rèhirèng ngutus | ing purwa madya wêsana ||

9. sang nata sarêng miyarsi | jaja bang mawinga-winga | kumêdut padon lathine | sumung-sumung kang wêdana | tan samar ing wardaya | ing netya maksih sinamun | lajêng jêngkar malbèng pura ||

10. sagung punggawa kang nangkil | maksih andhèr pênangkilan | wontên utusan sang katong | mêdal saking ing jro pura | sarwi ambêkta tumbak | pinaringakên puniku | dhumatêng Kyai Mandura ||

11. dipati sigra nampèni | sarwi dhawuhkên timbalan | hèh dipati timbalane | sri narendra ing Mêntaram | ambêdhaha ing Pajang | abudhala besuk esuk | dene ta lampah andika ||

12. anèng têngah ingkang munggwing | kanan Dipati Sumêdhang | anindhihi wadya katong | putra dika Ki Juminah | ki dipati wontêna | kering kang liya puniku | santana miwah punggawa ||

13. pra dipati anèng wuri | angiringa jêngandika | rampung timbalan sang katong | Ki Mandura tur sandika | kumêjot ing wardaya | ana karasa ing kalbu | nyi tumênggung malbèng pura ||

14. ing pênangkilan winarni | pra dipati wus bubaran | prasami dandan gamane | ing dalu ingkang kocapa | wus siyaga ngayuda | ya ta kawuwusa esuk | Pangeran Mandurarêja ||

15. pêpak pra sêntananèki | nulya anêmbang têngara | angangkang bêndhe bèrine | para sêntana sumahab |

--- 2 : 216 ---

barisira tinata | wus budhal wadya Mêntarum | pra dipati pra punggawa ||

16. sarêng budhalira sami | gumêrah kang wadyabala | arampak wau lampahe | bandera awarna-warna | rontèk lawan kêkôndha | daludag lan umbul-umbul | alêlayu abra sinang ||

17. sunaring busana asri | kadya wukir kêmbang-kêmbang | para mantri barisane | jawining taji wus tata | katunjang praptanira | lampahing prajurit agung | anglarug ing lampahira ||

18. wong desa kang dèn margèni | lêbur tumpur bubar buyar | prasami lumayu kabèh | atilar bale wismanya | sawênèh ngungsi kutha | ingkang kacandhak pinikut | lajêng sami binoyongan ||

19. gancange carita prapti | ing Dlanggu gaman Mêntaram | amung sêdalu rêrêbe | enjinge lumampah prapta | anèng ing dhusun Mayang | pangawate kanan wau | ing Karandhang barisira ||

20. gênti malih kang winarni | sira Sang Dipati Pajang | sampun miyarsa wartane | yèn Pangran Madurarêja | kang dadi senapatya | sêmana agunêm rêmbug | wau Sang Dipati Pajang ||

21. lan sagung kang para mantri | myang Ngabèi Tambakbaya | Mandura cidra jangjine | umatur Ki Tambakbaya | paran ta winicara | môngsa slamêta tinêmu | Dipati Mandurarêja ||

22. sênadyan wuwuha malih | mêngsah lir dhawuk Mandura | môngsa suminggaha ingong | anulya nêmbang têngara | bêndhe [bê...]

--- 2 : 217 ---

[...ndhe] bèri sauran | gumêrah suwaranipun | barise punggawa Pajang ||

23. Ki Rôngga Jagarogèki | pacalange Tambakbaya | Ki Arya Tambakbayane | pitung atus wadyanira | kalih atus sêliran | kajinêman patang puluh | Rôngga Lalularis Lurah ||

24. Lalulumpur jajarnèki | kalawan pun Lamporjaya | Dêmang Lalupêjah manèh | ajajar pun Setanrumab | Lindhutasik malihnya | Lindhuwrêksa jajaripun | kêlawan Ki Lesus Rôngga ||

25. jajar Rôngga Gonjang-ganjing | Sindhungriwut jajarira | Bancol Ngulêrkilan mangke | Marcukundha Marcudhêndha | jajar pun Kêcilmimang | Baratgêni jajaripun | jajar Ki Banjirludira ||

26. Banjirsêgara nisihi | Mêndhunggaludhug jajarnya | Blêdhègangampar jajare | jajar lan Banjirradetya | jajar Gunasêgara | Mamangmurka sisihipun | kalawan pun Bajobarat ||

27. Rangsangbiting Sidamati | Lodrabarung sisihira | Ki Banjirbandhang jajare | Banjirbathang Bathangtoya | miwah Ki Juranggrowah | Rujak Gonjang-ganjing Rigung | lêlurahing upacara ||

28. ingkang sami numbak putih | Lambangsari wastanira | Andakalawung jajare | kêlawan Gêbuglawêdan | lan Sabukparung lawan | Sabukwêlang Sabukdumung | kêlawan Sabukbandhotan ||

29. Sabukdhiwêl Sabukkisi | sêpalih wong Tambakbayan | ingkang angirid lampahe | Kyai Rôngga [Rông...]

--- 2 : 218 ---

[...ga] Jagaraga | wus mêdal jawi kitha | gya ingawe barisipun | sakilène baris Pajang ||

30. prênahe dènira baris | kajinêman Tambakbayan | tan sêdya mundur yudane | ya ta wau kawarnaa | barise wong Mêntaram | pangawate kanan iku | adipati ing Sumêdhang ||

31. tiyang ing Pasundhan sami | tindhihe Pangran Juminah | lawan wadya Mêntarame | barise wadya ing Pajang | apan ta sampun cêlak | yun-ayunan barisipun | tan ana kang nolih wuntat ||

47. Pangkur

1. kunêng siyang kawarnaa | dalu rêmbug sami angamuk wêngi | wong kajinêman sêdarum | dèn awe barisira | têtindhihe Dêmang Gunasêgarèku | pun Mamangbuyut Srênggilan | Mamangdana lawan malih ||

2. gih pun edan sabên dina | Ki Tumênggung Jagaraga nulya glis | asru ing pamuwusipun | kabèh wong Tambakbayan | payo ngamuk lawan ingsun barêng lampus | aja tunggal iya lawan | wong Pajang kang punang baris ||

3. kumpula sakancanira | wadyaningsun wong Tambakbayan sami | wong kajinêman sêdarum | wus kumpul barisira | sampun golong dadi siji balanipun | Jagaraga ya ta Dêmang | Kalasrênggi asru angling ||

4. inggih sampun walangdriya | datan wontên bedanipun prasami | kêlawan rakamta niku | Ngabèi Tambakbaya | Ki Tumênggung Jagaraga ngandika [ngandi...]

--- 2 : 219 ---

[...ka] sru | iki baris ing Karandhang | payo tinêrajang dhingin ||

5. yèn sira pêrang raina | pêsthi kalah sawab karoban tandhing | tandhingira apan jitus | akèh uwong Mêntaram | nulya budhal wayahira têngah dalu | kajinêman sêdayanya | lan wong Jagaraga sami ||

6. sêdya nilip yudanira | duk samana wus marêpêki baris | warnanên baris Mêntarum | tan uninga wong Pajang | sarêng kagèt bêdhil muni kumarutug | gègèr wadya ing Mêntaram | wong Pajang surake anjrit ||

7. bêdhil bêkik pra jinêman | pangamuke lir buta andon daging | baris Karandhang kèh lampus | tambuh musuh lan rowang | gagap gugup gègèr sampun kathah lampus | aglis Dipati Sumêdhang | ngadêg ing latar nyêkêli ||

8. bêndhene tinabuh ngangkang | wadya bingung tan kêna dèn ayumi | pun Mamangsrênggi prapta wus | ngarsane ki dipatya | anglarihi ki dipati jajanipun | tan pasah luntak ludira | bingung wau sang dipati ||

9. wadyabala ing Mêntaram | ingkang baris anèng ing MayaMayang nênggih | myarsa tata wadyanipun | nulya sami siyaga | wong Sumêdhang Mêntaram wus sirna larut | ngumpul wadya ing Mêntaram | Pangran Juminah nulungi ||

10. lajêng têmpuh ing ayuda | apan sami bêdhil-binêdhil gênti | bêdhil mati nulya caruk | rukêt tumbak-tinumbak | kang sawênèh apêdhang-pinêdhang gêlut | akuwêl jambak-jinambak | ana kang bithi-binithi [bithi-bi...]

--- 2 : 220 ---

[...nithi] ||

11. tambuh mungsuh lawan rowang | gègèr otêr lir gabah dèn intêri | wangke tumpuk susun-susun | kèh mati padha rowang | awit ing prang wancinira têngah dalu | wong Mêntaram akèh prapta | ya ta wau sang dipati ||

12. ing Pajang sampun siyaga | ri sêksana mijil angirid baris | Tambakbaya atut pungkur | sami ayun-ayunan | lawan uwong Mêntaram bêdhil munya sru | agolong pangamukira | wong Pajang anêmpuh jurit ||

13. sira Arya Tambakbaya | tandangira lir buta môngsa daging | lir bêdhaya kudanipun | saparan binêdhilan | Tambakbaya sawadyane rampak ngamuk | kukuh wadya ing Mêntaram | wadya ing Pajang mangukih ||

14. nanging prange katadhahan | wong ing Pajang sampun kathah kang mati | bubrah buyar tatanipun | nging pangamuke mêksa | pra sêntana sami mangsah mrêp ing ripu | yudane prajurit Pajang | sêdaya sami bêk pati ||

15. angamuk kalawan watang | wong Mêntaram nadhahi lawan bêdhil | tan kokih wadya Mêntarum | ngukih wadya ing Pajang | Tambakbaya sampun rusak balanipun | sampun kodrating Hyang Suksma | wong Pajang datan ngundhili ||

16. Dipati Mandurarêja | anèng têngah barisira anênggih | milane datan kadulu | marang Dipati Pajang | ingkang tansah inganti-anti puniku | êndi Si Madurarêja | si gêrang cidra ing jangji ||

17. pan iki awiting pêrang | saking sira kang bujuk marang mami [ma...]

--- 2 : 221 ---

[...mi] | mêngko nyidrani si dhawuk | sagung wadya Mêntaram | kathah myarsa Mandurarêja puniku | dèn pisuhi mring wong Pajang | sami ginarit ing ati ||

18. pangamuke Tambakbaya | maksih ngukih balane akèh mati | kalindhih ing yudanipun | sira Dipati Pajang | Tambakbaya yudanira tanpa kiwul | ya ta Sang Dipati Pajang | lumayu ngungsi jro puri ||

19. angampiri garwanira | gya lumayu mangetan sang dipati | gancange carita rawuh | anèng ing Baturana | ngambil jukung Sêmanggi wus numpak prau | sagarwa saputranira | lan Tumênggung Jagaragi ||

20. sarêng sami numpak palwa | kudanira apan kantun nèng puri | anênggih turôngganipun | ingkang aran si domba | wus kacandhak dene wadya ing Mêntarum | sêdaya para dipatya | lajêng malêbèng jro puri ||

21. kadhatone jinarahan | kawarnaa wadya kang bujung sami | Baturana kandhêgipun | wau Dipati Pajang | sampun lêpas milire ingkang pêrau | sêdya ngungsi Surabaya | kawarnaa Surawèsthi ||

22. Pangran Surapringga myarsa | yèn Dipati Pajang kasoran jurit | kêlawan wadya Mêntarum | ya ta gênti winarna | Ki Mandurarêja saha wadyanipun | budhal mulih mring Mêntaram | sapraptanirèng Mêntawis ||

23. umatur marang sang nata | ngaturakên jarahan lan turanggi | kang wasta pun dumba kunjuk | sang nata gya aganjar | wong Mêtaram wêrata sadayanipun | sabên-sabên pan [pa...]

--- 2 : 222 ---

[...n] mangkana | mring wadya kang mênang jurit ||

24. sigêgên malih winarna | lampahira kang ngungsi Surawèsthi | sêmana pan sampun rawuh | wau Dipati Pajang | lawan Arya Tambakbaya datan kantun | myang Tumênggung Jagaraga | lajêng tinimbalan prapti ||

25. ngarsanira jêng pangeran | pinisalin wau dipati katri | pangeran ing Surèngkewuh | asru dènnya ngandika | hèh ta adipati ya ta sira iku | paran dadi karsanira | bêcik sun ulihkên malih ||

26. ngirida wadya mring Pajang | ingsun dhewe iya mèlu nindaki | Kyai Tambakbaya matur | sampun paduka mêngsah | lawan Prabu Mêntaram punggawanipun | têguh tan têdhas ing braja | sêntana nêracak sami ||

27. prawira tan pasah braja | Jêng Pangeran Purbaya Mangkubumi | Pangran Pugêr malihipun | Pangran Blitar Juminah | Pringgalaya Upasônta inggih têguh | lan Pangeran Têpasana | Mandurarêja prajurit ||

28. pangeran ing Surabaya | duk miyarsa kêlangkung dènnya runtik | anyandhak sênjatanipun | mimisipun kêncana | Tambakbaya sigra sinênjata gupuh | mimis tumiba ing jaja | gèpèng datan anêdhasi ||

29. gumuyu jroning wardaya | gya cinandhak mimis ngaturkên nuli | lah punika warninipun | mêdhotan ing Mêntaram | iba-iba prajurit ingkang kinurung | pangeran ing Surabaya | mèsêm dukane wor asih ||

30. gawok sagung kang tumingal | Mantri Surabaya [Sura...]

--- 2 : 223 ---

[...baya] ngalêm jro ngati | mring Tambakbaya puniku | nulya sinungan nama | ingaranan Dipati Sênjata wau | pinutra-putra pangarsa | mring Pangeran Surawèsthi ||

31. sêdaya nêgri bang wetan | Tambakbaya dipun trimani putri | jêng pangeran putranipun | ayu tur maksih kênya | Tambakbaya saya dladag ambêkipun | anèng nêgri Surabaya | salin têmbang dhandhanggêndhis ||

48. Dhandhanggula

1. ênêngêna wau tan winarni | Surabaya pan sampun sawarsa | ya ta winurcita mangke | sang prabu ing Mêntarum | dina Soma miyos tinangkil | pêpak sagung punggawa | pra sêntana kumpul | prajurit andhèr ing ngarsa | angandika wau Kangjêng Sri Bupati | Martalaya kêlawan ||

2. Upasônta dandana sirèki | padha lumakua nglurug marang | ing nêgara Tuban kabèh | wadyaningsun Mêntarum | pra satriya mantri bupati | punggawa lan nayaka | gawanên sêdarum | kang dadi têtindhihira | Si Tumênggung Martalaya senapati | lan Si Jayasantosa ||

3. miwah si adhi Bragola ing PathiLebih satu suku kata: miwah adhi Bragola ing Pathi | dèn kêriga pasisir samoa | mêtua kulon lakune | Si Martalaya mlaku | têka kidul uwong Mêntawis | kang kinèn awotsêkar | sandika turipun | sang nata jêngkar ngêdhatyan | ya ta wau sagunge para dipati | kang anèng pênangkilan ||

4. bubar mulih dandan gamannèki | pan ing dalu angabêkti ika | dhumatêng [dhu...]

--- 2 : 224 ---

[...matêng] gusti sang katong | ya ta kawarna esuk | gumêr gumrah swaraning janmi | Dipati Martalaya | atêngara sampun | wus pêpak sagung gêgaman | Arya Tambakbaya Sêntana Mêntawis | gamannya abra sinang ||

5. sajuru-juru lampahing baris | datan awor Kyai Martalaya | Jasupônta nèng ngarsane | gumêrah wong Mêntarum | dene ingkang lumampah wuri | Tumênggung Alap-alap | gumrah wadyanipun | Adipati Martalaya | anèng têngah Jasupônta nèng ngarsiKurang satu suku kata: anèng têngah Jasupônta anèng ngarsi | magêrsari akapang ||

6. anèng wuri Sêntana Mêntawis | tuwin sagung para kadang-kadang | Pangeran Purubayane | lan Pangran Singasantun | Pangran Pringgalaya utawi | Pangeran Têpasana | lawan malihipun | Pangeran Pugêr Juminah | Upasônta Mandurarêja tan kari | miwah Pangran Balitar ||

7. Pangran Slarong Pangran Mangkubumi | Pangran Dêmang Tanpanangkil milwa | warna-warna gêgamane | busana abra murub | kadi sêkar sêtaman asri | tan winarna lampahnya | jaban taji rawuh | nglarug lampahing gêgaman | praptèng wetan Pajang ngalor lampahnya ris | nêrajang wanapringga ||

8. gunung Kêndhêng lampahira prapti | kunêng wau ingkang kawarnaa | Adipati Bragolane | lajêng mring nêgrinipun | ya ta prapta Santênan enjing | wong pasisir sêdaya | Bagêlèn lan Kêdhu | prasami wau ngutusan | Kudus Dêmak Jêpara Samarang tuwin | Kaliwungu [Kaliwu...]

--- 2 : 225 ---

[...ngu] lan Kêndhal ||

9. Batang Kalongan Barêbes Têgil | sampun prapta nèng Pathi samua | rumanti sagêgamane | têngara gya tinabuh | Adipati Bragola Pathi | bodhol bari Santênan | swarane gumuruh | ginêlak lampahing bala | bokmanawa kari tan mênangi kardi | lan gêgaman Mêntaram ||

10. tan kawarna lampahira prapti | sakilènira kutha ing Tuban | gêgaman Mêntaram kabèh | sêmana sampun rawuh | sakiduling kutha ing Tubin | gègèr wadya ing Tuban | ngungsi kutha sampun | warnanên Dipati Tuban | pirêmbagan kalawan patihirèki | aran Jayasantana ||

11. sang dipati ngandika mring patih | kayaparan wartane ing jaba | wong Mêntaram gêgamane | sapa kang ngirid laku | sapa kang dadi senapati | Jayasantana nêmbah | inggih wartosipun | Martalaya lan arinya | ingkang kilèn wadya pasisir nindhihi | Adipati Bragola ||

12. pra santana ing Mêntaram kêrig | datan wontên kang kantun satunggal | Dipati Tuban dêlinge | kongkonana atur wruh | iya marang ing Surawèsthi | nyuwun bantuning yuda | wadyèngsun sêdarum | sarupane wong ing Tuban | undhangana kinèn sadhiyaa sami | prayitna ing ayuda ||

13. angêkêba sajêrone biting | aja ana ingkang mêtonana | lan mriyêm bêrkatan age | unggahna dèn agupuh | ing plataran bitingan iki | Si Sidamurti iya | unggahna dèn gupuh | arêpna [a...]

--- 2 : 226 ---

[...rêpna] wong ing Mêntaram | atur sêmbah nulya lèngsèr Kyana Patih | Jayasantana mêpak ||

14. wadya bêndhene tinitir-titir | gumrah sagung wadyabala Tuban | pinatah binage-bage | lawang sakèthèng tugur | myang palatar ingkang jagani | warnanên Surabaya | duta Tuban rawuh | tumanduk ngaturkên surat | wus tinampan binuka sinukmèng galih | têmbunge wus kadriya ||

15. Pangran Surabaya ngandika ris | marang sagung punggawa sêdaya | sapa kang tinuduh gawe | kinèn mring Tuban bantu | Adipati Sanjata nênggih | pinaring wadyabala | kèhe kalih èwu | miranti gêgamanira | kanthi lawan Jagaraga Adipati | kang kari Surabaya ||

16. mêpak wadya baris anjagani | bokmanawa iku wong Mêntaram | banjur mring Surabayane | gantya ingkang winuwus | Ki Sanjata lampahnya prapti | anèng nagara Tuban | anulya lumêbu | panggih lan Dipati Tuban | kawarnaa bantu Madura wus prapti | lampahe nitih palwa ||

17. tigang èwu kang wadya wus manjing | ing jro kitha tindhihing kang wadya | Môndhalika pêparabe | dene ta sisihipun | Anggrisana Kyai Ngabèi | sêdaya sampun panggya | Dipati Tuban wus | tinata barisanira | Adipati Tuban sêsuguh prajurit | kunêng gênti winarna ||

18. Adipati Martalaya nênggih | myang Bragola kumpulan sêdaya | angarêmbug masalahe | Martalaya ling

--- 2 : 227 ---

arum | paran karsa lampah puniki | adhi mas ing Santênan | alon aturipun | wau Dipati Bragola | yèn suwawi ginêmpur bètèng ing Tubin | lami ngantos punapa ||

19. wingi bantu Surabaya prapti | wadya Sampang Sumênêp Balega | ingkang dados têtindhihe | wadya ing Surèngkewuh | Adipati Sanjata nami | campur lan wong Madura | kintên gangsal èwu | Ki Martalaya lingira | inggih anggèr lamun sêmbada ing galih | ingantos wêdalira ||

20. agêng gaman ing Tuban puniki | sayan wêwah bantunipun kathah | tan layak mêmpên jro bètèng | tan sêdya mêtu-mêtu | mangsah jurit atandhing sêkti | mèsêm Bragola myarsa | alon aturipun | lah sampyan titèni kakang | ngantos mêdal punika wadya ing Tubin | jêr kakang warisira ||

21. Adipati Tuban amung jail | pan sakêdhik isin wirangira | dipati ilang wangune | prawiranira nglamut | datan mantêp ujar wus mijil | gumujêng Martalaya | anggèr dèrèng tamtu | mênawi purune mêdal | tiyang Tuban aprang ing bêbanar nênggih | yèn botên mêkatêna ||

22. gih suwawi anggèr benjing-benjing | sami tinotol kitha ing Tuban | sami rêmbag sadayane | Dipati Bragola wus | mêsanggrahan sawadya sami | gênti ingkang winarna | ing Tuban puniku | dipati agunêm rêmbag | sawadyanya lan sagung para bupati | myang Dipati [Di...]

--- 2 : 228 ---

[...pati] Sanjata ||

23. angling alon Sang Dipati Tubin | paran inggih rêmbage sêdaya | prakawis mêngsah saene | ya ta alon umatur | Adipati Sanjata angling | mênggah pamanggih kula | inggih saenipun | prayogi mêdal ing jaba | nèng bêbanar pratôndha sami prajurit | aprang bitinge dhadha ||

24. wus limrahe inggih tiyang jurit | mênang jarah yèn kalah rinayah | yèn ngêkêb jro bètèng bae | kathah pakèwêdipun | inggih kenging dipun wastani | prajurit ajrih pêjah | alit manahipun | upami lami punika | nèng jro bètèng têdha pinêpêt ing jawi | sayêkti sangêt susah ||

25. Adipati Tuban anauri | kakang inggih lêrês karsa dika | nging pamanggih ulun sanès | mênggah tiyang prang pupuh | taha lamun ajriha pati | aran sampun kasêdya | tumangguh ing ripu | nanging rèhning ngrêksa wadya | mung arjane wadya lit ingkang pinurih | sênadyan bôndayuda ||

26. lamun anèng sajêroning biting | wong Mêntaram linawan ing yuda | saking salêbêting bètèng | yêkti ènthènging ripu | wadya ngriki dènnya nadhahi | Adipati Sanjata | miyarsa gumuyu | punika rêmbag punapa | yèn mirênga dhumatêng tiyang Mêntawis | ginuyu tiyang kathah ||

27. adhi kula aturi udani | wong Mêntaram kalamun ayuda | sampun tate ngrangsang bètèng | mariyêm ting jalêgur | lan gumuruh sênjata muni | mimise kadi udan |

--- 2 : 229 ---

inggih tyang Mêntarum | maju sarwi ura-ura | ngandêlakên atose kang ponang kulit | têguh tan pasah braja ||

28. mimis timah wêsi tan nêdhasi | mimis waja tanapi kancana | kula niki pêdhotane | burone wong Mêntarum | jajal dika arêp ngayoni | ing gêgaman punapa | tamakna maringsun | môngsa ta dadak têdhasa | karsa dika yèn ngêkêb anèng jro biting | upami linêbêtan ||

29. yêkti rusuh tangkêping ajurit | lawan malih kula awêwarta | wong Mêntaram dêl-andêle | Pangran Purubayèku | inggih sagêd ngambah wiyati | bêkta tyang sèwu kuwat | yèn mabur puniku | lan yèn puniku akarsa | bubrah biting tinudingan bae abis | wau Dipati Tuban ||

30. amiyarsa gadêbrulirèki | Ki Sanjata saya tlas suranya | ya ta pra prajurit kabèh | sampun sami arêmbug | baris mêdal saking jro biting | mêlatar ing bêbanar | tan arsa anurut | Dipati Tuban akêkah | têmah riyon rêmbage sêdaya sami | tan sêdya mundur ing prang ||

49. Durma

1. Adipati Martalaya wanci enjang | nêmbang têngara nitir | gumrah wong Mêntaram | siyaga magut yuda | miwah Adipati Pathi | nêmbang têngara | umyang swaraning dasih ||

2. Arya Sindurêja prajurit Santênan | lan Arya Sawunggaling | Arya Mangunjaya | Ngabèi Wisasraya | Raja Mênggala Dipati | sampun siyaga | andêl-andêling [andêl-a...]

--- 2 : 230 ---

[...ndêling] Pathi ||

3. pra sêntana Mêntaram sampun siyaga | lan sagung pra dipati | Arya Jasupônta | panganjuring ayuda | wadya ing Tuban udani | wadya Mêntaram | arsa angrampit biting ||

4. wadya Tuban sigra anêmbang têngara | sagunge saragêni | nginggahkên palatar | mriyêmira jinajar | ya ta punggawa Mêntawis | sarêng umangsah | surake wanti-wanti ||

5. Adipati ing Pathi sarêng umangsah | ambyuk tandanging jurit | kumroyok umangsah | golong-golong pêpanthan | sigra Adipati Pathi | nitih turôngga | andhangah dèn payungi ||

6. kudanira adipati ing Santênan | nama ki pulanggêni | bopong ulêsira | ingkang busana mubyar | nèng têngah rana sêsirig | wadya ing Tuban | kumrutug ambêdhili ||

7. bêdhil alit tiktak lawan kalataka | lir udan ingkang mimis | wong Pathi kang mangsah | sami kathah kang pêjah | miwah wadya ing Mêntawis | kathah kang pêjah | wong Tuban ambêdhili ||

8. wong Mêntaram ngangsahkên ingkang ungaran | anggawa pacul linggis | wong Pathi mangkana | prasami gawa ôndha | Dipati Bragola Pathi | angatag bala | bètèng kinèn nginggahi ||

9. wong ing Pathi bètèng iku unggahana | kumêrug wadya Pathi | marakakên ôndha | miwah wadya Mêntaram | gugup wong Tuban ningali | mriyêm bêrkatan | kang aran Sidamurti ||

10. lan pun Gêlap sarêng rêmpu kalihira [kalih...]

--- 2 : 231 ---

[...ira] | jola Dipati Tubin | langkung pangungunnya | dhasare wus uninga | osiking tyas sang dipati | tan wurung bêdhah | nêgara Tuban iki ||

11. Sidamurti iku mriyêm bêbêrkatan | têmah rêmuk saiki | pasthine Sukmana | bêdhahe kutha Tuban | kapriye ta ingsun iki | lamun kalah prang | anuli bêrbês mili ||

12. ki dipati pinarak lan garwanira | pan sampun dèn bisiki | kabèh garwaningwang | padha sira dandana | lah payo lolos tumuli | bok karainan | mungsuh Mêntaram prapti ||

13. bok kacandhak marang wong Bagêlèn sira | ambêri bajag angkrik | iya dadi apa | wong Kêdhu dhugal-dhugal | yèn mênang prang banjur ngangkrik | angur ngilia | iya mumpung saiki ||

14. panakawan kinèn nimbali niyaga | tan dangu nulya prapti | gya kinèn gamêlan | anèng paseban jaba | bêdhaya kinèn ngêploki | asukan-sukan | dèrèng suda ing galih ||

15. maksih pajêg barise nèng palataran | warnanên sang dipati | mêdal lan garwanya | saking lêbêting pura | wus prapta pinggir pasisir | anumpak palwa | sira Dipati Tubin ||

16. panakawan têtiga ingkang binêkta | garwanipun kêkalih | sêliripun tiga | liya saking punika | tan ana miyarsa warti | sêpêning pura | wau sang adipati ||

17. wontên tiyang dalêm kang atur uninga | dhatêng Sang Adipati | Sanjata samangkya | raka dika

--- 2 : 232 ---

wus minggat | anjêngêr sang adipati | wadya Madura | pisuhira dharindhil ||

18. baya dudu Si Tuban tusing prawira | layak bèbèt pakathik | dene wêdi pêjah | cidranira wus kathah | dene têka angapusi | wong tinulungan | têka minggat si anjing ||

19. nuli bubar barise wong Surabaya | ing wayah bangun enjing | wadya ing Madura | enjing numpak baita | wong Tuban mawut angili | tangis gumêrah | wong dalêm ting jalêrit ||

20. sirna larut kang baris anèng pêlatar | gusis wus sami ngili | arêbut baita | gugup tunjang-tinunjang | kathah sarat kêbak isi | tumpang-tinumpang | wênèh kèrêm ing warih ||

21. wus miyarsa wong Pathi miwah Mêntaram | gumêrah jroning puri | tangising wanita | têrkane wong Mêntaram | wus minggat sang adipati | bubrah palatar | wong Pathi anglêboni ||

22. bata kilèn wadya Pathi kang binubrah | dene wadya Mêntawis | kidul kang binêdhah | sami manjing sêdaya | wong dalêm rinêbut sami | kadhatonira | rinayah dèn boyongi ||

23. saisine jro dalêm wus jinarahan | sami binêkta mijil | dinum lir rajapan | ri sampunnya mangkana | wong Mêntaram lan wong Pathi | apirêmbagan | mundur dhatêng Mêntawis ||

24. sampun budhal ambêkta sagung jarahan | miwah boyongan èstri | marga tan winarna | sampun prapta Mêntaram |

--- 2 : 233 ---

alajêng lampahirèki | Ki Martalaya | miwah para bupati ||

25. sri narendra lagya miyos siniwaka | anèng ing pôncaniti | kêsaru praptanya | Dipati Martalaya | lawan Adipati Pathi | majêng tur sêmbah | manêngèng pada aji ||

26. ulun sampun lumampah karsa narendra | ambêdhah nêgri Tubin | pun Dipati Tuban | amêthuk ing ayuda | prajurit Surabayèki | miwah Madura | kang bantoni ing jurit ||

27. mila rame têmpuhipun ing ayuda | wadya ing Surawèsthi | tindhihipun yuda | Ngabèi Tambakbaya | ing mangke lênggah dipati | ingalih nama | Ki Sanjata Dipati ||

28. ing Madura tindhihipun Macanambal | wusana pun dipati | dalu kesah minggat | wadya Madura bubar | tuwin wadya Surawèsthi | ulun anjarah | kunjuk padanta aji ||

29. trusthèng driya sang nata kêlangkung suka | miyarsa kang pawarti | ing purwa wasana | sang nata agêganjar | mring sagung para dipati | para sêntana | wradin têkèng pakathik ||

30. para mantri Mêntaram tampi ganjaran | miwah kang wadya alit | datan kaliwatan | sami tampi ganjaran | sukèng tyas sri narapati | myang wadyabala | kasmaran ing ajurit ||

50. Asmaradana

1. ya ta wau sri bupati | dangu miyos siniwaka | sang prabu ngandika alon | kabèh padha kawruhana | Si Arya Jasupônta | ingsun [ing...]

--- 2 : 234 ---

[...sun] junjung lungguhipun | lawan ngong paringi nama ||

2. iku dadia bupati | arana Sujanapura | linggih lurah panêkare | asisih lan arinira | Dipati Martalaya | lah ta kabèh wadyaningsun | padha sira èstrènana ||

3. wadya gung asaur pêksi | nulya jêngkar sri narendra | miwah kang sumiwi kabèh | namung lèrèh limang warsa | sultan miyos sineba | pêpak punggawa supênuh | sêntana tuwin punggawa ||

4. sang nata ngandika aris | Tumênggung Sujanapura | sira adandana age | tindhihana wong Mêntaram | bêdhahên ing Madura | gêmpurên kuthane iku | lawan si adhi Bêrgola ||

5. kang sun karya senapati | Tumênggung Sujanapura | kang dadia wakil ingong | lawan si kakang Sumêdhang | miwah adhi Bêrgola | kabèh wong pasisir iku | mangkata ing benjang enjang ||

6. tur sêmbah ingkang tinuding | Tumênggung Sujanapura | sêkala bingar netyane | lami dènnya ngarsa-arsa | ayahan sri narendra | ambêdhah nêgara agung | pêjaha ayahan nata ||

7. jêng sultan ngandika malih | hèh Tumênggung Alap-alap | lawan katawêngan bae | sira amisaha lampah | sirèku angipuka | marang Surabaya besuk | dimèn ewuh aja tandang ||

8. adhi Bêrgola dèn aglis | muliha marang Santênan | ngirid wong pasisir kabèh | kakang Sumêdhang barênga | lawan Sujanapura |

--- 2 : 235 ---

wong Panaraga Madiun | iridên mêtu ing dharat ||

9. rampung timbalan narpati | lajêng kundur angêdhatyan | warnanên panangkilane | sagung kang para dipatya | sami bubar sêdaya | kang badhe andon anglurug | prasami dandan sanjata ||

10. ing dalu datan winarni | enjing anata gêgaman | gumyah gumuruh swarane | Tumênggung Sujanapura | enjing nêmbang têngara | wong Sujanapuran ngumpul | saha kadang para lurah ||

11. ki adipati ing Pathi | sigra anêmbang têngara | sampun dhingini lakune | mantuk mring nêgaranira | lampahe tan winarna | gêgaman agêng nèng pungkur | budhal saking ing Mêntaram ||

12. wus prapta jabaning taji | lampahe wadya Mêntaram | arame wau swarane | gaman lir prawata sêkar | ngêbêki wanapringga | anggolong sajuru-juru | daludag abra asinang ||

13. ingkang lumampah ing wuri | Ki Tumênggung Jagabaya | lan Panji Wirabumine | Ki Ngabèi Patrabôngsa | Dêmang Suradêksana | lan Ki Rôngga Ngawu-awu | myang Ki Panji Singajaya ||

14. ingkang lumampah ing ngarsi | Tumênggung Sujanapura | asri tinon gêgamane | sagunge para pangeran | lumampah anèng têngah | gêgaman asri dinulu | kadi wukir kêmbang-kêmbang ||

15. ginêlak lampahing baris | gancange carita prapta | nêgari Pajajarane | ki tumênggung katawêngan | Tumênggung Alap-alap | pan wus misah barisipun [ba...]

--- 2 : 236 ---

[...risipun] | wus anginêp Surabaya ||

16. prapta têpis-wiringnèki | Surabaya binajagan | wong desa prasami gègèr | nêngêna gantya winarna | nêgari ing Santênan | tata gêgaman gumuruh | sira Dipati Bragola ||

17. sapraptanira ing Pathi | pasisir wus ingutusan | sarta sawadyabalane | prasami dandan baita | andhèr pinggir muara | ing wana dènnya angumpul | sagunge para dipatya ||

18. sira Sang Dipati Pathi | apan lagya anggêganjar | marang ing wadyabalane | agêng alit kawêratan | santana lan punggawa | arta myang busananipun | samya waradin sêdaya ||

19. pêpatihira dipati | wasta Arya Mangunjaya | lan Arya Jasupantane | dening para mantrinira | Ngabèi Wirasraya | Ngabèi Prawiratanu | Ki Dêmang Panantangyuda ||

20. lan Ki Arya Sawunggaling | Ki Ngabèi Wilatikta | lan Arya Panatasingron | Ngabèi Patramanggala | Ki Dêmang Jalêksana | lan Ngabèi Jawinangun | Ki Tumênggung Binarongan ||

21. baitane warni-warni | pasisir para dipatya | lêmbu giyota kècine | jêjêl pênuh ing muara | jukung mayang ariban | abra kang baita sêlup | utawi baita kapal ||

22. ya ta Adipati Pathi | sêksana anumpak palwa | lêmbu giyota praune | pacalang momotan wadya | saha busananira | para Dipati Mêntarum | prasami munggèng baita ||

--- 2 : 237 ---

23. gamêlanira tan kari | sira Dipati Bragola | tigang rancak pradanggane | Kodhokngorèk munggèng ngarsa | pelog kang anèng têngah | salendro kang munggèng pungkur | kalaganjure tinêmbang ||

24. swarane gamêlan asri | lampahe sangsaya nêngah | pinukul angin layare | baita pating salêbar | pan sampun prajangjean | sumêrang ing Tuban kumpul | labuhe wadya Mêntaram ||

25. baitane wong pasisir | prasami rêbut aluan | kang sawênèh ana kêndho | ana kadi kuda nyongklang | ana lir kuda ngêrap | ingkang rikat sampun rawuh | ujung muara ing Tuban ||

26. ênêngna datan winarni | kang anèng têngah lautan | gantya malih cinariyos | Tumênggung Sujanapura | ingkang mêdal dharatan | prapta anèng ing Madiun | wadya Mêntaram sêdaya ||

27. ngantosi Dipati Pathi | lawan pasisir sêdaya | wuwusên wau lampahe | Dipati Sujanapura | wus prapta nêgri Tuban | prasami makuwon sampun | sagung kang para dipatya ||

28. wau kang anèng jêladri | sêdaya mêntas dharatan | Ki Dipati Bragola ge | panggih lan Sujanapura | prasami pirêmbagan | anulya mundhut pêrau | Tumênggung Sujanapura ||

29. para bupati pasisir | sêdaya saos baita | ingkang badhe titihane | Tumênggung Sujanapura | miwah wadya Mêntaram | sinaosan palwa sampun [sampu...]

--- 2 : 238 ---

[...n] | aglar tarap ing muara ||

30. wus dadi rêmbaging jurit | sagunge para bupatya | layar marang Madurane | Tumênggung Sujanapura | nitih palwa lêlanang | kang palwa mancal sêdarum | kumrab lir lampah sri nata ||

51. Sinom

1. ki dipati ing Santênan | lêmbu ingkang dèn titihi | kêlawan para sêntana | sawênèh sêntana nitih | pacalang warni-warni | para satriya Mêntarum | wus sami sinaosan | palwa ingkang dèn titihi | senapati bèr kuwanèn tur digdaya ||

2. wus angancik ing muara | nêgara lêlima sami | prapta ing gisik Madura | kunêng Madura winarni | ingkang para bupati | ing Sampang Ngaribayèku | Dipati Pamêlingan | Sumênêp sampun miyarsi | yèn wong agung Mêntaram sêdaya prapta ||

3. prasami mêpak gêgaman | nèng Madura dènnya baris | samana apagunêman | sagunge para bupati | Natèng Madura angling | kabèh padha sabiyantu | nadhahi wong Mêntaram | sartane ingkang nindhihi | yèn riyona ènthèng sinôngga ing yuda ||

4. iku gêgaman Mêntaram | wartane ingkang nindhihi | Tumênggung Sujanapura | ingkang dadi senapati | pranakan ing Kêdhiri | Sujanapura atêguh | tate amangun yuda | dèn sami prayitnèng jurit | kawarnaa wong Mêntaram sampun prapta ||

5. gègèr wadya ing Madura | gumêrah atata baris | wus budhal saking nêgara | prapta [pra...]

--- 2 : 239 ---

[...pta] pinggiring pasisir | prasami dèn jagani | wong Mêntaram minggahipun | sami ayun-ayunan | arame bêdhil-binêdhil | campuhing prang swaranya kadi ampuhan ||

6. wong Mêntaram karepotan | tan antuk papaning jurit | wadya lit kathah kang pêjah | ingkang mundur nandhang kanin | kang waras maksa ngukih | para prajurit Mêntarum | miwah wadya Santênan | nulya kasaput ing wêngi | sami mundur wong Mêntaram pirêmbagan ||

7. Dipati Sampang Madura | Sumênêp lan Aribanggi | ing Balega Pamêkasan | prasami gunêm ing wêngi | Pangran Balega angling | kadipundi karsanipun | sêdaya pra dipatya | prajurite wong Mêntawis | sampun tita tan purun minggah dharatan ||

8. mênawi rêmbag sêdaya | dimèn minggah wong Mêntawis | yèn wis minggah ing dharatan | sêdhêng angantêp ing jurit | yèn kasor wong Mêntawis | pêsthi sirna dèning banyu | dimèkne babarpisan | sampun purun mangsah malih | wong Mêntaram patine anèng lautan ||

9. para bupati wus rêmbag | sami ngundhangi ing ratri | sêdaya para prawira | samia mêndhêm kariyin | mrih minggah wong Mêntawis | satêlase baturipun | yèn wus mêntas sêdaya | anuntên ingamuk wani | pasthi sirna wong Mêntaram sakabèhnya ||

10. kunêng ingkang kawuwusa | gênti malih kang winarni | Tumênggung Sujanapura | lan sagung para prajurit | prasami dèn utusi | sêdaya [sê...]

--- 2 : 240 ---

[...daya] sami angumpul | anèng ing palwanira | pra dipati sampun prapti | minggah maring palwane Sujanapura ||

11. pirêmbag masalah yuda | Janapura muwus aris | mring sagung para bupatya | paran dayaning ajurit | wong cilik kathah mati | tan sagêd kiwul ing pupuh | inggih anggèr Santênan | kadospundi kang panggalih | ngamungêna mêkatên môngsa sampuna ||

12. miwah Pangeran Sumêdhang | sumôngga sami ginalih | angling Dipati Santênan | andika kakang rumiyin | karsa dika sayêkti | kawula darmi lumaku | miwah para dipatya | sêdaya darmi nglampahi | langkung-langkung kakang êmas pangêrèhnya ||

13. sanadyan kakang Sumêdhang | môngsa puruna nglancangi | saking ing karsa sampeyan | Sujanapura ngling aris | inggih ta yèn ta suwawi | sami ngawaki prang pupuh | sampun ngamungna wadya | sagunge para dipati | angirida bupatine sowang-sowang ||

14. ya ta Dipati Bragola | miyarsa suka kang galih | myarsa ngling Sujanapura | ngandika Dipati Pathi | inggih kakang suwawi | niku rêmbag gathak-gathuk | botên kakehan akal | dipati sami ngawaki | sampun rêmbag sagung kang para dipatya ||

15. sêdaya para dipatya | kang arsa ngawaki jurit | bupatine ngawakana | lamun pinapag ing jurit | sagunge wong pasisir | anêdha sarênga ngamuk | aja na kang ngucira | dèn sami sarênga mati | pra dipati sampun gilig rêmbagira ||

--- 2 : 241 ---

16. sêsampune prajanjian | mangkana wus bangun enjing | sêdaya minggah dharatan | rêmbag minggah dharat sami | bubar kang gunêm pikir | wus wangsul mring palwanipun | praune sowang-sowang | wadyanya sampun cumawis | kawarnaa sarêng wanci bangun enjang ||

17. sami minggir ponang palwa | prajurite rêbut dhingin | tan ana sabawanira | dènira amêntas ririh | sêdaya ngati-ati | prapta ing dharatan sampun | lajêng nata gêgaman | wadya Mêntaram nindhihi | ingkang wuri wadya pasisir sêdaya ||

18. sêmana wus byar raina | gêgamane wus miranti | wong pasisir abusêkan | dene wadya ing Mêntawis | mriyêm pinasang sami | kalataka miwah masbun | mlela lawan lêlanang | prênahe sampun miranti | kang kocapa wong Sampang lan wong Balega ||

19. sarêng wayah bangun rina | sampun utusan mirsani | kang duta kagyat tumingal | dene wong Mêntaram prapti | miwah wadya pasisir | wus atata barisipun | miwah para sêntana | gêgamane wus andadi | tungguling prang angêdhangkrang pinayungan ||

20. Tumênggung Sujanapura | kang dadi dhadhaning baris | kang dadi pangawat kanan | sang adipati ing Pathi | andhangah songsong kuning | pangawat kering puniku | pangeran ing Sumêdhang | lan sagung môncanêgari | wong pasisir ngiring Dipati Bragola ||

21. para sêntana Mêntaram | ênggène nèng wuri têbih | Tumênggung Sujanapura |

--- 2 : 242 ---

têngara bêndhe lan bèri | miwah wong agung Pathi | kang bêndhe tinabuh ngungkung | têtêgnya asauran | suwarane wong pasisir | ting jalêmprit barung swaraning tikswara ||

22. ing Sampang sigra têngara | wadya lit atata baris | kadhinginan papanira | dene mangsanira wêngi | datan nyana prasami | lamun ingunggahan dalu | gugup solahing wadya | pati-pati bêbêntusi | wong Mêntaram surake ambal-ambalan ||

23. wong Madura sami mêdal | tatane pating bêsasik | gagap gugup sêlak prapta | wadya Mêntaram bêdhili | bala Sampang kèh mati | wong Madura singa mundur | apan wus kaprantenan | singa mara mara mati | ingkang mundur wong Mandura nandhang brana ||

24. sakathahe wong Madura | pra dipati amiyosi | sami angawaki yuda | angantêp rêmpon ing jurit | dipati papat kait | aprajangji sarêng lampus | Sang Dipati Mêkasan | wus rêmbag amangsah jurit | wus agilig sarêng lêbur ing ayuda ||

25. kaitan wong Surabaya | Balega Sumênêp sami | sampun dadi rêbagira | Dipati Sampang nuruti | rêmbagira wus dadi | anulya têngara nêmpuh | suraknya mawurahan | kadi ombaking jêladri | gumrah-gumrah lir ruging angraning arga ||

26. kalataka asauran | kumrutug sanjata alit | swarane kadi ampuhan | sêsambate wadya kanin | wong Sampang akèh mati | wong

--- 2 : 243 ---

ing Mêntaram rahayu | wong Madura kèh pêjah | prandene maksih angukih | ambêk pêjah wong Sampang majêng sêdaya ||

27. sami sudira ing manah | bupati sami ngawaki | wong Mêntaram sigra mangsah | pangagêng sami ngawaki | dipati ing pasisir | Bragola têtindhihipun | sarêng mangsah ing yuda | wong Sampang anêmpuh wani | gora-godha surambêk anglêbur mêngsah ||

28. mangsah prajurit Mêntaram | awasta Ki Jagapati | tandangira kadi singha | sêsuta kirangan bukti | wong Mêntaram nadhahi | prasami kathah kang lampus | prajurit nusul sigra | Jayèngkara mangsah jurit | Jayèngpati lawan malih Jayèngbrata ||

29. kêlawan Rôngga Gundhala | Jayèngrana datan kari | utawi Suradilaga | lêlurahing kang prajurit | Mangundara asisih | Dêmang Cêngkalak ranipun | myang Thona-thani Rôngga | Dêmang Bênêr ana malih | Angabèi Bêgajagan tan mundur prang ||