Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 01-12), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  2. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 13-30), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  3. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 31-43), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  4. Babad Tanah Jawi (Jilid 01: Pupuh 44-52), Van Dorp, 1923, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  5. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  6. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 18-34), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  7. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 35-51), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  8. Babad Tanah Jawi (Jilid 02: Pupuh 52-67), Van Dorp, 1917, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  9. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 01-17), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  10. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 18-33), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  11. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 34-52), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  12. Babad Tanah Jawi (Jilid 03: Pupuh 53-69), Van Dorp, 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  13. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 01-17), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  14. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 18-35), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  15. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 36-52), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
  16. Babad Tanah Jawi (Jilid 04: Pupuh 53-69), Van Dorp, c. 1925, #1083. Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi
Image

52. Durma

1. sami mangsah ing yuda rampak tandangnya | Ngabèi Golang-galing | Ki Panji Jorangan | Ki Bolak-balik Dêmang | tuwin Kenthol Gegepati | Juranggêrawah | Rôngga Panatasjurit ||

2. sarêng nêmpuh tandange lir gajah mêta | wong Pathi anadhahi | Dipati Bêrgola | akukuh barisira | angêdhangkrang songsong kuning | sigra tinrajang | dèn êbyuk tan gumingsir ||

3. prit anêba gêlare wadya Madura | sêdaya golong pipispipit | sagunge [sagung...]

--- 2 : 244 ---

[...e] dipatya | kapat ngawaki yuda | wadya Mêntaram nadhahi | ulêng-ulêngan | rame rok silih-ukih ||

4. wong Mêntaram gêlare garudha nglayang | sabête wadya Pathi | bala ing Pasundhan | tinêmpuh pêngkuh tadhah | wong Madura anguwati | dimêr pamuknya | tan ana ngucap ajrih ||

5. Adipati Pasundhan balane rusak | mawut wadya pasisir | Dipati Sumêdhang | tinilar dening wadya | wus rusak tataning baris | ya ta tumingal | wau Dipati Pathi ||

6. ngangsahakên sagunge môncanêgara | ngêbyuki saking kering | ambendrong sanjata | miwah Sujanapura | angangsahakên kang baris | wadya Mêntaram | prasami buwang bêdhil ||

7. caruk rukêt kang yuda sami prawira | ukih-ingukih sami | aliru gonira | tan ana sêdya gêsang | wong Madura akèh mati | karoban lawan | ngamuk tanpa ngundhili ||

8. Adipati Sumêdhang sawadyanira | ingkang lumayu bali | nêlambung ayuda | wadya Madura jola | wus rusak tataning baris | saya kèh pêjah | miwah kang nandhang kanin ||

9. wong Madura sakarine ingkang pêjah | samya lumayu gêndring | sami salang-tunjang | Adipati Madura | Sumênêp lumayu ngênthir | wadya Madura | playune datan nolih ||

10. wong Mêntaram pamburune kadya buta | mamôngsa olèh daging | lir bajag ngêjawa | solahira sêdaya | ingkang kacandhak kèh mati | mawut sasaran | pati-pati [pati-pa...]

--- 2 : 245 ---

[...ti] bêntusi ||

11. pan kasaput ing dalu sapih kang yuda | amasanggrahan sami | sagung pra dipatya | Tumênggung SujanapuraLebih satu suku kata: Tumênggung Janapura | miwah Adipati Pathi | amasanggrahan | suka wadya Mêntawis ||

12. Ki Tumênggung Sujanapura sêmana | akasukan ing ratri | sami abêdhayan | kumpul wong Janapuran | wau Sang Dipati Pathi | sawadyanira | sayah dènnya ajurit ||

13. Sang Dipati Bêrgola eca anendra | gantya ingkang winarni | wong Sampang Balega | Sumênêp Pamêkasan | Pakacangan ing Ribanggi | apagunêman | sumêdya ngamuk bêngi ||

14. Adipati Mêkasan asru ngandika | aja na gawa mênir | mungna wong sêliran | mantri ingkang prawira | sok matia salah siji | wong ing Mêntaram | kang dadi senapati ||

15. pondhokane Dipati Sujanapura | payo jinujug dhingin | anuli umangkat | wong Sampang wong Balega | Sumênêp lan Aribanggi | anulya prapta | pondhokan ing Mêntawis ||

16. wus lumêbu pondhoke Sujanapura | sigra ingamuk wani | gègèr wong Mêntaram | Tumênggung Janapura | bêdhayane dèn kêploki | wadya Madura | kumroyok anumbaki ||

17. Adipati Mêkasan sigra narajang | mring Janapura aglis | sigra tinalêmpak | Tumênggung Janapura | atangginas tangkis kêris | maksa dhêradhas | gulu iringan kêni ||

18. amung bilur Sujanapura aniba | anulya [anu...]

--- 2 : 246 ---

[...lya] dèn kakahi | mring sang adipatya | ing Pamêkasan sigra | sinuduk jajanya kêni | lali sêkala | uwal dènnya ngakahi ||

19. wus lumayu sira Dipati Mêkasan | pan sarwi nandhang kanin | ingkang ngamuk bubar | Adipati Mêkasan | pêjah anèng puranèki | Sujanapura | nèng pakuwon ngêmasi ||

20. sakathahe para sêntana Mêntaram | tan ana mirsa warti | wong môncanêgara | pasisir tan uninga | kang jêlih pating jalêrit | Sujanapuran | kang nangis swaranya tri ||

21. ing pondhokan Sujanapuran gumêrah | ya ta Dipati Pathi | anulya siyaga | miwah sawadyabala | para bupati pasisir | nêmbang têngara | gumrah swaraning janmi ||

22. wus misuwur Tumênggung Sujanapura | yèn sampun angêmasi | Dipati Bragola | langkung pangungunira | wadya Mêntaram awiwrin | têtungguling prang | dene sampun ngêmasi ||

23. pra sêntana sêdaya pan sampun prapta | ing Janapuran sami | Dipati Bragola | pangeran ing Sumêdhang | prasami rêmbagan sami | para sêntana | lan sagung pradipati ||

24. sapêjahe Tumênggung Sujanapura | kêkês wadya Mêntawis | dadya rêmbagira | sêntarasêntana pra dipatya | wau Adipati Pathi | ingkang kinarya | anguyunana baris ||

25. Jêng Pangeran Silarong ing rêmbagira | mantuk dhatêng Mêntawis | ngunjuki uninga | dhatêng sri naranata | Pangeran Silarong aglis | anumpak [anumpa...]

--- 2 : 247 ---

[...k] palwa | tan kawarna ing margi ||

26. gêgancangan lampahe praptèng Mêntaram | lajêng lumêbèng puri | tundhuk sri narendra | ulun atur uninga | nyaosakên pati urip | tiwasing karya | tan jaya ing ajurit ||

27. abdi dalêm Sujanapura palastra | giris wadya Mêntawis | tan wontên maguta | yudane wong Madura | anjêngêr sri narapati | datan ngandika | Sri Bupati Mêntawis ||

28. hèh Silarong kayaparan karêpira | samêngko wong Mêntawis | yèn kaya mangkana | apa kinèn mundura | Pangran Silarong tur bêkti | atur kawula | nuwun duka narpati ||

29. yèn marêngi ing karsa paduka nata | pun kaki Juru Kithing | tuwan lampahêna | dhumatêng ing Madura | kagyat ngandika sang aji | pa maksih gêsang | si kaki Juru Kithing ||

30. lah dèn aglis ya si kaki timbalana | milua nglurug aglis | marang nêgri Sampang | sigra Pangran Dipatya | Silarong tur sêmbah amit | mijil ing jaba | lumaris dhandhanggêndhis ||

53. Dhandhanggula

1. tan winarna lampahe wus prapti | Pagambiran anulya kêpanggya | kalawan wau eyange | sinapa sabda arum | mring kang eyang Pangran Ngujungi | sapa iki kang prapta | ingkang wayah matur | Pangran Slarong wayah dika | kagyat nabda wau Kyai Juru Kithing | dingarèn sira prapta ||

2. baya ana karya ingkang gati | pangran matur

--- 2 : 248 ---

kawula dinuta | wayah paduka sang katong | sampyan ngandikan rawuh | kapanggiha salêbêt puri | Ki Juru aris nabda | ana apa putu | sang nata nimbali ingwang | pangran matur karsanira sri bupati | inggih eyang paduka ||

3. kinèn bantu mring Madura jurit | senapatine Mêntaram pêjah | wadya gung alit manahe | mila karsa sang prabu | eyang kinèn ambantu jurit | Ki Juru lon angucap | lali pêrang ingsun | lêlakone tan kaduga | ingkang wayah matur kula tandhu kaki | Ki Juru sigra mangkat ||

4. lan kang wayah nitih tandhu nuli | glising kôndha prapta ngarsa nata | sang prabu ris ngandikane | dika umangkat gupuh | mring Madura atulung jurit | Ki Juru tur sandika | Pangran Slarong wau | gya budhal sawadyanira | pan akanthi lawan Kyai Juru Kithing | tan kawarna ing marga ||

5. prapta Madura sampun apanggih | lan Ki Juru kang para dipatya | sêdaya inggar manahe | lajêng sêdaya ngujung | tuwin para sêntana sami | angaturi pranata | amangraup suku | Ki Juru Kithing lon nabda | sapatine Janapura sapa ganti | senapatining yuda ||

6. ya ta matur kang para dipati | wayah tuwan Dipati Bragola | Pathi dados lêlajêre | ya ta ngliwêt Ki Juru | tan adangu matêng tumuli | anulya kinêpêlan | Ki Juru lingnya rum | jêbèng Dipati Bragola | sira dumna mring sagunge pra dipati | ya ta ingêdum [ingê...]

--- 2 : 249 ---

[...dum] sigra ||

7. marang sagung kang para bupati | sakathahe kang pêjah ing rana | sampun ginantèn putrane | kang datan darbe sunu | kaponakan ingkang gumanti | ingkang sawênèh kadang | ana mitra karuh | ingkang lêsning babarpisan | anak kadang sanak mitra tan darbèni | patinggine ing desa ||

8. anggantèni ingkang mati jurit | Kyai Juru ngliwêt malih sigra | ing kêndhil Siyêm nulya ge | matêng lajêng ingêdum | maring sagung para prajurit | wêrata gya têngara | swarane gumuruh | wadyabala ing Mêntaram | asamêkta siyaga amagut jurit | bupati myang punggawa ||

9. sami ngajap têmpuhing juritKurang satu suku kata: sami ngajap têmpuhing ajurit | bêndhe bèri swarane gumêrah | ya ta gênti winiraos | sagunge pra tumênggung | ing Madura lajêng nimbangi | Balega Ngaribaya | rêmbagira kumpul | sami rêmpon ing ayuda | praptèng rana asawang-sinawang sami | wadya Madura miyat ||

10. pra prajurit manahira giris | kuwanène pan ilang sêdaya | kêlangkung sangêt ajrihe | nulya bubar sêdarum | baris Sampang lumayu gêndring | wong Pathi wong Mêntaram | lajêng sami buru | kadya detya andon boga | kang kêcandhak wong Sampang dipun jêjuwing | ya ta kang kawuwusa ||

11. Adipati Sampang sampun prapti | anèng wisma rêmbag pra dipatya | anungkul aris karsane | marang Sultan Mêntarum | ya ta karya nuwala nuli | dadya sinungkên duta [du...]-

--- 2 : 250 ---

[...ta] | gya lumampah sampun | nuwala wus katur marang | Adipati Sumêdhang kêlawan Pathi | binuka sinukmèng tyas ||

12. têmbungipun nuwala amurih | tinanggunga bupati kalihnya | ngaturkên pêjah gêsange | dhatêng Sultan Mêntarum | Sang Dipati Sumêdhang Pathi | nulya ngundhangi bala | wadya ing Mêntarum | ing mangke Dipati Sampang | sakancane wus padha anungkul aris | ngaturkên pêjah gêsang ||

13. tan kawarna wadya ing Mêntawis | pan anglurug mring kitha Balega | jinarah rajabranane | dipatine anungkul | wus binêkta marang Mêntawis | Dipati Ngaribaya | ngungsi marang gunung | kuthane sampun jinarah | wong sadalêm wus sami dipun boyongi | lêbur kutha lêlima ||

14. Pakacangan lan ing Aribanggi | ing Sumênêp Madura Mêkasan | lêbur binoyongan kabèh | mung nêgri Sampang wutuh | pan punika têluk rumiyin | dènnya tur pêjah gêsang | ya ta wong Mêntarum | sami andum boyongannya | tan winarna pan arsa budhalan aglis | wong agung ing Mêntaram ||

15. Sang Dipati Sampang wus acawis | gya binêkta mring nêgri Mêntaram | ambêkta wong sèwu kèhe | anulya budhal sampun | wadya Sampang marang Mêntawis | gumrah swaraning janma | adandan pêrau | sampun alayar sêdaya | tan adangu lampahe prapta Garêsik | alaju lampahira ||

16. sakathahe bupati pasisir | sami lajêng mring nêgri

--- 2 : 251 ---

Mêntaram | myang môncanêgara kabèh | ya ta Pangeran Juru | ing Sumêdhang kêlawan Pathi | prasami pirêmbagan | utusan karuhun | wus katur sri naranata | panungkule dipati kêlawan malih | Balega Pakacangan ||

17. gya sinêrod lampahe duta tri | sampun prapta nêgri ing Mêntaram | katur sadaya solahe | wau ta sang aprabu | wus utusan mantri kêkalih | tan kawarna ing marga | sêmana wus pangguh | gêgaman agêng kang prapta | dyan kapêthuk dutane sri narapati | nulya sami saseban ||

18. ri saksana utusan Mêntawis | dhawuhakên timbalan sang nata | Adipati Balegane | kinèn nyuduki sampun | Sang Dipati Balega mati | jisime wus pinêtak | nèng jurangjro ngriku | makame dadi karamat | sang dipati ing Sampang wus dèn timbali | duk bêdhahing nêgara ||

19. obahing rat pan tataning janmiSengkalan: obahing rat pan tataning janmi (1546 A.J.). | duk bêdhahe nêgari Madura | sarta Balega patine | wau ta kang winuwus | wadyanira Prabu Mêntawis | wus prapta ing nêgara | wau sang aprabu | lagya miyos siniwaka | pêpak andhèr punggawa samya tinangkil | kang saking nglurug prapta ||

20. Pangran Juru Kithing wus kêpanggih | lan kang wayah Sunan ing Ngalaga | lan Dipati Bragolane | Pangran Sumêdhang wau | ganti-ganti dènnya ngabêkti | ngaturakên boyongan | katur sang aprabu | trustha ing wardayanira | sri narendra [nare...]

--- 2 : 252 ---

[...ndra] rêsêp dènira ningali | marang Dipati Sampang ||

21. sru ngandika wau sri bupati | hèh dipati ing Sampang ta sira | sun pundhut putra yêktine | Dipati Sampang nuwun | sru mangrêpa sujud ing siti | sang prabu anggêganjar | marang wadyanipun | bupati miwah satriya | wus ginanjar wêrata praptèng pêkathik | miwah Dipati Sampang ||

22. busanane sami adi luwih | pan sinami lawan para putra | pinarnah pêdalêmane | pinutra-putra danu | pinaringan nêgari katri | Madura ing Balega | Ngaribaya wau | sri narendra adiningrat | ingkang saking Kajêrakan ta ing nguni | wastane Gêniroga ||

23. apan mangke wus jinunjung linggih | pan kinarya patih jro punika | Endranata kêkasihe | sultan jêngkar ngêdhatun | cinarita pan sampun lami | antara pitung côndra | Sang Prabu Mêntarum | miyos siniwakèng wadya | pêpak andhèr punggawa para prajurit | jêjêl pêpêt paglaran ||

24. sri narendra angandika aris | hèh Tumênggung Mangunonêng sira | lawan Si Yudapranane | Si Katawêngan iku | padha sira dandana aglis | bêdhaha Surabaya | katiga wotsantun | sakèhe môncanêgara | tindhihana putraningsun ki dipati | ing Sampang urunana ||

25. abarisa ing têrusan benjing | aja aprang yèn ora linanggar | arahên kurune bae | rampung dhawuh sang prabu | nulya jêngkar lumêbèng puri [pu...]

--- 2 : 253 ---

[...ri] | warnanên panangkilan | sarêng bubaripun | ingkang arsa budhal yuda | Ki Tumênggung Mangunonêng mêpak baris | kêlawan Alap-alap ||

26. sampun pêpak wadya ing Mêntawis | nulya budhal lampahira rikat | datan kawarna lamine | nagri Japan wus rasuhrawuh | ing têrusan dènira baris | bêngawan sinangkrahan | binêbêg binêndung | kang mili mring Surabaya | ingurugan dhêplokaning kolang-kaling | dadya ing Surabaya ||

27. nora nana toya kang binukti | ingkang ngombe ya dadi laranya | watuk alara wêtênge | rêmbag pra mantri nungkul | kang sawênèh rêmbug ajurit | ana ngajak nungkula | ya ta sampun katur | mring Pangeran Surabaya | siniwaka sakathahing para mantri | rôngga ngabèi dêmang ||

28. pra tumênggung pêpak sami nangkil | para mantri lan para santana | sêdaya sumiwi andhèr | sêdaya sami matur | kang sawênèh angajak jurit | sawênèh ngajak seba | èmêng manahipun | Pangeran SurabayaKurang satu suku kata: pangeran ing Surabaya | Ki Dipati Sênjata bèr kang kuwanin | sumaguh dèn adu prang ||

29. wong Surabaya sêdaya angling | Tambakbaya pêksa kumawawa | saguh amapag yudane | yèn ajaa karuhun | nora kongsi tilar nêgari | duk ana nêgri Pajang | bisa uga iku | wong rusak angajak-ajak | Tambakbaya burone Prabu Mêntawis | iku angajak rusak ||

30. jêr sirèku yèn pangeran iki | nungkul [nung...]

--- 2 : 254 ---

[...kul] aris marang ing Mêntaram | sira pan katore-tore | ngungsi marang di iku | nora wurung sira macêngis | yêkti tan bisa polah | gonira agêmblung | môngsa ta silih payua | wong Mêntaram marang sira nora sudi | apa manèh sri nata ||

54. Sinom

1. pangeran èmêng ing driya | sagunge para dipati | angajak nungkul arisan | rinasa sajroning galih | rumôngsa sangêt isin | ya ta lama-lama wau | saya kuru kang wadya | sagunge wong Surawèsthi | dèn jak aprang kêncêng sêdya anungkula ||

2. marang Sang Prabu Mêntaram | dadya Pangran Surabanggi | kagegeran driyanira | aturing wadya nuruti | lah sira putra mami | sira sebaa karuhun | ingsun ora tumindak | putraningsun Dèn Mas Pêkik | angirida para mantri Surabaya ||

3. para mantri aturira | putra paduka puniki | tan sagêd mungkasi karya | ing karsa lamun suwawi | inggih tuwan pribadi | tumindak prayoganipun | apanggiha kêlawan | putranta Natèng Mêntawis | lawan sagung para mantri Surabaya ||

4. ngandika lon jêng pangeran | sun tuturi kabèh iki | durung sae awak ingwang | panggih lawan sri bupati | pan amung putra mami | Dèn Mas Pêkik kang lumaku | dadi wakil manira | ngong pasrahkên mring Hyang Widi | môngsa bodho karsane Hyang Maha Mulya ||

5. sira padha tuta wuntat |

--- 2 : 255 ---

ngatêrêna putra mami | dadia sêratinira | gawaa wong sèwu iki | gawaa brana adi | lah ta iki layang ingsun | aturna mring utusan | kang baris têrusan sami | Ki Tumênggung Mangunonêng panggêdhenya ||

6. sigra mangkat sang dipatya | ingiring kang para mantri | sêdaya lumampah wuntat | para mantri Surawèsthi | pinikul kang brana di | kinarya pratandhanipun | panungkulnya pangeran | gêntia malih winarni | Mangunonêng kumpul lan sakancanira ||

7. pêpak lan wadya Mêntaram | kêsaru duta kang prapti | Dêmang Urawan kang duta | saking nêgri Surawèsthi | sarwi ambêkta tulis | anjujug pondhokan agung | Mangunonêng gya mêdal | Ki Ngurawan dèn panggihi | sampun tundhuk Urawan ngaturkên sêrat ||

8. tinampan sigra binuka | sinukma sajroning galih | têmbunge sampun kadriya | nungkul Pangran Surabanggi | nanging ngaturkên wakil | Dèn Mas Pêkik putranipun | Mangunonêng sukèng tyas | wusana alon dènnya ngling | iki bênêr karsane kangjêng pangeran ||

9. angeman ingkang sarira | nanging kuciwane wakil | Mangunonêng sigra mojar | paran ta rêmbugirèki | umatur para mantri | môngsa borong Ki Tumênggung | Mangunonêng angucap | budhalna gêgaman sami | nulya mulih Kiyai Dêmang Urawan ||

10. panggih wadya Surabaya | matur marang Dèn Mas Pêkik | anggèr kawula [ka...]

--- 2 : 256 ---

[...wula] tur priksa | katrima lampahirèki | Mangunonêng winarni | utusan marang Mêntarum | angaturi uninga | nungkul Pangran Surawèsthi | kunêng dalu enjinge kang kawarnaa ||

11. budhal wadya Surabaya | utawi wadya Mêntawis | tan winarna anèng marga | sampun prapta Panaragi | rêrêp sêdaya sami | ya ta wau kang winuwus | Mangunonêng kumpul lan | ya ta Yudaprana angling | kados pundi pangeran ing Surabaya ||

12. inggih dene tan lumampah | tan eca raosing galih | mênawi manah alômba | kinarya bujuk kang siwi | Mangunonêng lingnya ris | yèn mêkatên ingkang rêmbug | prayogi ingutusan | yèn saèstu nungkul aris | anusula dhumatêng lampah kawula ||

13. Mangunonêng kang dinuta | anênggih Radèn Mas Pêkik | kêlawan Dêmang Urawan | binêktan mantri kêkalih | Mangunonêng lingnèki | Dêmang Urawan sirèku | matura mring pangeran | utawi Radèn Mas Pêkik | dèn asangêt aturana anusula ||

14. sampun mintar kang dinuta | ing marga datan winarni | sampun prapta Surabaya | lajêng tumamèng jro puri | lawan pangeran panggih | Ki Dêmang Urawan matur | gusti sampyan ngaturan | dhatêng putranta Mêntawis | kêpanggiha lawan Jêng Sultan Mêntaram ||

15. agupuh kangjêng pangeran | anulya dandan sira glis | jroning tyas nutuh sarira |

--- 2 : 257 ---

rumaos lêpatirèki | dhahar aturannèki | kang para mantri sêdarum | têmah pangran samangkya | anglalu sajroning galih | ya bok ana palimirmane jêng sultan ||

16. adarbe wêlas maringwang | cêguk baliluning dasih | Pangran Surabaya budhal | Ki Tambakbaya umiring | Dipati Pajang sami | Jagaraga datan kantun | lêstari lampahira | Pangran Surabaya prapti | anèng nêgri Panaraga kawarnaa ||

17. Mangunonêng duk sineba | lawan sagung para mantri | kêtawêngan Yudaprana | sakancanya sêdayèki | kèndêl nèng Panaragi | anganti karsa sang prabu | sêmana sampun prapta | dutane sri narapati | sarwi mundhi timbalan dalêm sang nata ||

18. wus panggih ponang caraka | lawan Mangunonêng nênggih | dhawuhkên timbalan nata | ya ta Pangran Surawèsthi | prapta sampun kêpanggih | lawan Mangunonêng wau | ya ta gandhèk Mêntaram | dhawuhkên timbalan aji | hèh pangeran andika kinèn wangsula ||

19. kêlawan putra andika | punika tumuta bali | mring nêgari Surabaya | karsanipun sri bupati | mung Tambakbaya nênggih | kang pinundhut mring Mêntarum | lawan Dipati Pajang | tuwin sagung para mantri | Surabaya pinundhut dhatêng Mêntaram ||

20. putra paduka sang nata | inggih ta arsa udani | sagung mantri Surabaya | dhingkluk Pangran Surawèsthi | tan lênggana sayêkti | ing karsa dalêm sang prabu | nadyan ta pêjah gêsang |

--- 2 : 258 ---

kinarsakna sri bupati | pan sumôngga datan kuwasa lênggana ||

21. sêdayanipun katura | pêjah gêsang tan darbèni | Mangunonêng sigra budhal | tan kawarna anèng margi | prapta nagri Mêntawis | lajêng umarêk sang prabu | katur solah dinuta | miwiti malah mêkasi | para mantri Surabaya ingandikan ||

22. Adipati Pajang lawan | Tambakbaya Jagaragi | sami ngandikan ing ngarsa | rôngga dêmang lan ngabèi | sêdaya praptèng ngarsi | angandika sang aprabu | hèh Tumênggung Sapanjang | samêngko sira ngong kardi | tuwa-tuwa ana nêgri Surabaya ||

23. bundhêle wong Surabaya | dèn bêcik pangrèhirèki | tan ana liya mung sira | mungguh kapracayan mami | parentahana sami | mungguh ala bêcikipun | para mantri samoa | pirsakêna dhawuh mami | kang sinung ngling sêdaya saur kukila ||

24. sumujud anèng bantala | ngandika malih sang aji | hèh kabèh padha muliha | si paman nèng Panaragi | ampirana ya iki | anuli gawanên mantuk | marang ing Surabaya | mulih kêlawan si adhi | yèn wus prapta si paman nèng Surabaya ||

25. omahna nèng jaban kutha | aja wèhi batur siji | sandika anulya mentar | sang nata ngandika malih | mring Pajang Adipati | tuwin mring Tambakbayèku | lawan Ki Jagaraga | sun dangu matura yêkti | kayaparan sira balela maringwang ||

26. katiga sarêng aturnya | miwiti malah

--- 2 : 259 ---

mêkasi | sang nata kadugèng cipta | anulya parentah aglis | padha lunasên iki | iku kabèh wong têtêlu | uwa Mandurarêja | dhawuhna konên jênêngi | wus tumandang wadya kang dinutèng nata ||

27. kunêng ta ingkang kinisas | gêntia malih winarni | sira Tumênggung Sapanjang | lan sagunge para mantri | lampahe sampun prapti | anèng Panaraga wau | Pangeran Surabaya | kêlawan Radèn Mas Pêkik | dhinawuhan timbalane sri narendra ||

28. pangeran nuwun sandika | Tumênggung Sapanjang aglis | budhal saking Panagara | datan winurcitèng margi | wus prapta Surawèsthi | pangeran lajêng dinunung | anèng ing pêrampelan | lan sagarwa putranèki | tanpa rewang sakêlangkung kawlasarsa ||

29. lajêng ambantêr ngibadah | tuwakup narimèng têkdir | lan sagarwa putranira | angabêkti siyang ratri | ênêngna Surawèsthi | kocapa nêgri Mêntarum | Jêng Sultan ing Ngalaga | ing dina Soma tinangkil | pêpak andhèr kang wadya jingga nonoman ||

55. Durma

1. pan wus pêpak sagung wadya ingkang seba | magêrsari mêrapit | lêmbing tulup pêdhang | sumambung tumbak sulam | wong anyutra amêrapit | wong priyataka | munggèng ngarsa tan têbih ||

2. saragêni ajajar ana ing ngarsa | banderanya mêrapit | warnanên kang seba | kaparak jagabaya | angkragnyana sisihnèki |

--- 2 : 260 ---

kapilih jajar | sisih sami kapilih ||

3. udaraga asisih lawan niyaga | wong nirbaya anangkil | lan wong kartiyasa | sisih lan wisamarta | wong brajanala asisih | wong brajayasa | sêdaya sami nangkil ||

4. astranôngga asisih wong maodara | wong jodhipati sisih | lan wong wijakôngka | sami nangkil sêdaya | wadya margôngsa nèng wuri | wong suranata | asisih lawan carik ||

5. Panêmbahan Purubaya anèng ngarsa | lawan kang rayi-rayi | Jêng Pangeran Arya | Wiramênggala seba | lan Pangeran Singasari | myang Dipasana | lan Dêmang Tanpanangkil ||

6. Jêng Pangeran Juminah sampun aseba | Pangeran Mangkubumi | Pangran Pugêr seba | miwah Pangeran Sampang | sêdaya pêpak anangkil | para sêntana | Pangeran Sukawati ||

7. lan Pangeran Balitar sampun aseba | dene para bupati | Pangran Martasana | miwah Prawiratruna | Arya Pulangjiwa nangkil | Arya Tanpolas | lan Rôngga Wirasari ||

8. Adipati Martalaya wus aseba | lawan Sang Adipati | Pamênang wus seba | Pangeran Pringgalaya | punika ingkang anangkil | Kusumayuda | Dêmang Malaya tuwin ||

9. Rajaniti kêlawan Ki Katawêngan | Tumênggung Wiramantri | pan sami wêdana | Ki Tumênggung Môndraka | Kyai Têpèngsara nangkil | miwah ta sira | Ki Arya Dhadhaptulis ||

10. pêpak andhèr sagung bupati [bupa...]

--- 2 : 261 ---

[...ti] kang seba | Endranata anangkil | Singaranu seba | Tumênggung Wiraguna | Arya Yudaprana nangkil | Ki Alap-alap | ManunonêngMangunonêng Dipati ||

11. Radèn Pamot ingkang munggèng ing ngayunan | Ki Kuladaragêni | Kyai Salingsingan | Ki Panji Singajaya | Ngabèi Patrabôngsa ris | Suramanggala | Surayuda sumiwi ||

12. Ki Tumênggung Sindubaya munggèng ngarsa | lawan Jamênggala ris | Ki Malangsumirang | Ngabèi Nayahita | lan Ki Panji Wirabumi | Astrawêdana | Arya Panular nangkil ||

13. Ki Ngabèi Randhêla Ki Wirataka | Kandhuruan ing Wêdhi | myang Kartamênggala | wadya nandhon punika | Dipati Madura nangkil | wong numbak anyar | sèwu lawan wong bumi ||

14. wong Banyumas têngahan lan wong Pasundhan | Ciancang lan Ciamis | Tumênggung Ciancang | Wirakêncing kang nama | Wiradita ing Ciamis | Tumênggung Suma- | dinala Ribonanggris ||

15. Sukapura ing Bandhung Parakan Muncang | Cilanguhungku nênggih | Pangeran Sumêdhang | punika wêdananya | Darmayuda sarêng nangkil | Ki Jaluhita | Cianjur sami nangkil ||

16. ing Carêbon pangerane sami seba | sêdaya pan sumiwi | pêpak nèng Mêntaram | miwah môncanêgara | sawetane gunung Wilis | pêpak sêdaya | anèng ngarsa narpati ||

17. pra dipati pasisir wus nèng Mêntaram | wetaning Batang nênggih | kulon [ku...]

--- 2 : 262 ---

[...lon] Balambangan | wisma anèng Mêntaram | jêjêl pipit ingkang nangkil | tanpa wilangan | wadyabala Mêntawis ||

18. Kangjêng Sultan Ngalaga alon ngandika | apa mulane Pathi | adhi mas Bragola | nora katon aseba | iki pêpak wong pasisir | môncanêgara | mangsane uga mangkin ||

19. gya Tumênggung Endranata atur sêmbah | kawula myarsa warti | inggih rayi tuwan | pasisir lèr punika | sêdaya dipun irupi | Nglasêm Juwana | ing Grobogan wus kerid ||

20. amung Dêmak kang maksih muwêr jro kutha | tyang alit dèn bahaki | Kudus lawan Rêmbang | ing Kalinyamat kêna | Blora Pajangkungan kerid | sawênang-wênang | rayi paduka Pathi ||

21. èsmu duka sri narendra angandika | lah iya adhi bêcik | ngayoni maringwang | dhuh uwa Purubaya | sampeyan galih sayêkti | sintên prayoga | tandhinga lan si adhi ||

22. inggih uwa Purubaya karsaningwang | kula tindak pribadi | inggih adhi êmas | Bragola ing Santênan | arsa ngayoni mring mami | tandhing prawira | bok inggih ngong turuti ||

23. wong Mêntaram kêbat padha adandana | ingsun umangkat enjing | sagung pra dipatya | sami matur sandika | sang nata jêngkar tinangkil | malêbèng pura | ginarêbêg pra cèthi ||

24. kawarnaa enjing anêmbang têngara | orêg wadya Mêntawis | amêpak gêgaman | sêdaya

--- 2 : 263 ---

sami prapta | anèng alun-alun mêrgil | ambèr mring pasar | ing lurung jêjêl baris ||

25. nora kêna lurung kambah mring wong liwat | kèbêkan dening baris | miwah kang turôngga | pirang-pirang anggabag | lir samodra tanpa têpi | lamun sinawang | kadya prawata gêni ||

26. gêgamane wong pasisir warna-warna | ingkang binolang kuning | ing mas kapurancang | ana pinonthang lima | wargu ganjur lawan lêmbing | kang tumbak ingas | ana kang tumbak putih ||

27. wadya Sampang landhehane bolang-bolang | tumbak sulam mêrapit | pondhang puput aglar | tulup lêmbing lan pêdhang | prajurite bêcik-bêcik | brêngose capang | ingkang panjang pinuntir ||

28. kangjêng sultan sampun angrasuk busana | rasukan Kyai Gundhil | akuluk bathokan | rinangkêp dhêsthar Arab | anyariga dhuwung kalih | Kyai Bêlabar | Ki Sangkêlat nèng ngarsi ||

29. sigra miyos orêg wadya ing Mêntaram | gêgaman dalêm mijil | saragêni tembak | amyang kang tumbak abang | wargu ganjur lan pênjalin | sinulam êmas | gêlathik mungup ngarsi ||

30. sri narendra adhawuh nêmbang têngara | budhal sagunging baris | nulya têtêg munya | obah cucuking lampah | kadya ru-ara swara tri | swaraning janma | anguwuh kang nèng wuri ||

56. Pangkur

1. swarane turôngga munya | piniyarsa lir ombaking jêladri | kri- / ciking tikswara gathuk [264] | abra lêlayu sinang | yèn sinawang girisi ingkang wadya gung | untabing kang wadyabala | kadi awun-awun gêni ||

2. sang nata nitih turôngga | sigra budhal sagunge ponang baris | gunging wadya tanpa etung | lampahe anèng marga | tiningalan anglir ôngga sasra wêrdu | nèng ranu sarêng kêlabnya | lir pendah sela blêkithi ||

3. sêdaya para sêntana | lampahira nèng wuri sri bupati | lampahing gêgaman rawuh | jabaning taji nulya | pan anglarug anèng Pajang sampun rawuh | wadya pasisir sêdaya | samya lumampah dhingini ||

4. utawi môncanêgara | lampahira wus gêpok tanah Pathi | wau Kangjêng Sultan Agung | rêrêb ing tanah Pajang | sakathahing wadya kang wus alêlaku | lajêng sami ambêbahak | ing padesan bawah Pathi ||

5. kêbo sapine rinayah | wong kang bôngga banjur dipun patèni | wong ing desa kawur-kawur | lumayu ngungsi kutha | sami atur upêksi lêlurahipun | ya ta ingkang kawarnaa | wau Sang Dipati Pathi ||

6. amêpak sagung gêgaman | sami kumpul sagunge para mantri | Arya Kêndhuruan ngayun | lan Sawunggaling jajar | Sindurêja Ngabèi Wirasrayèku | Dipati Wiramênggala | riya kulon anèng ngarsi ||

7. Ki Binarong munggèng ngarsa | Arya Mangunjaya anjajariKurang satu suku kata: Arya Mangunjaya kang anjajari | lawan Dêmang Surènglampus | Ngabèi Tirtanata | Rôngga [Rông...]

--- 2 : 265 ---

[...ga] Carang ing desa anèng ing ngayun | tanapi Sang Arya Tôntra | miwah Radèn Mêgatsari ||

8. Pangalasan lan Ki Dêmang | Jagadtaka miwah Ki Wadungaji | Jayèngrana jajaripun | Kyai Rôngga Pramana | lan Ngabèi Wirasêkti anèng ngayun | para mantri ing Santênan | Suranata munggèng ngarsi ||

9. miwah Dêmang Surantaka | jajarira Ngabèi Wirapati | Rôngga Martahita ngayun | lawan Surabêrama | lan Ngabèi Jayapati sisihipun | utawi Citrawijaya | andêl-andêlira Pathi ||

10. Dipati Pathi ngandika | mring sagunge wau kang para mantri | kaya ngapa wartanipun | mungguh gègèring jaba | ya ta nêmbah kajinêman aris matur | gusti kula myarsa warta | dêdamêl Mêntaram prapti ||

11. têpis-wiringing Santênan | sami risak abdi alit ing dèsi | jinarah sêdayanipun | kang bôngga pinêjahan | adipati ing Pathi ngandika arum | sapa baya wong Mêntaram | ingkang dadi senapati ||

12. jinêman matur anêmbah | wartosipun raka dalêm sang aji | inggih Kangjêng Sultan Agung | kêrig wadya MêntaranMêntaram | pra sêtana andhèrèkakên sang prabu | samangke sri naranata | anèng Pajang dènnya mêrgil ||

13. lan sagung para sêntana | sawadyanya dipati myang prajurit | ingkang dadya cucuk pupuh | wadya môncanêgara | lan pasisir rêsahnya kêlangkung-langkung | ya ta wau kawarnaa | inggaling carita nênggih ||

--- 2 : 266 ---

14. Dipati Pathi ngandika | hèh sakèhe wadyaningsun prasami | payo jangji barêng lampus | aja na kang sulaya | Kandhuruan | Sawunggaling Sindurjèku | Binarong lan Mangunjaya | Raja Mênggala Crangdèsi ||

15. lan Ki Dêmang Tanpanaha | Arya Tôndha Rahadèn Mêgatsari | ing Pangalasan Jantèku | Waduaji Jèngrana | Ki Prameya lan Ki Rôngga Surènglampus | Surantaka Sutalaya | Angabèi Jayèngpati ||

16. Kyai Rôngga Martahita | Wirabrama Ki Rôngga Kartapati | Astrawijaya puniku | Karyayuda Caruban | Dêmang Cukil lan Gêlapthathit Galudhug | Dêmang Kêtawan lan rôngga | Rôngga Cêkaklak Rang-aring ||

17. Ki Dêmang Gêlapangampar | Endragêni Ki Udan Riwis-riwis | Cakrajagad Bajulbuntung | Langitbêdhah GununggêmplahLebih satu suku kata: Ngitbêdhah Gununggêmplah | Jurangambrah Setanrungan Carukdhênggung | Cêngèngèh Macanlautan | Cèlèngwijung Thona-thani ||

18. Astrapati Rajanglawang | Dêmang Bênce Dêmang Tuhu Lik-olik | Rajêk Pajang Gugurgunung | Dêmang Jagatumbakan | Setanmangan Bêlismangap Cela-cèlu | datan ana kaliwatan | Rujakbluwang Bajotali ||

19. Patragajah Tambakbaya | Astranôngga Kiyai Patragati | Sewandana sarêng matur | gustiku sang dipatya | sampun mawi pindho karya dasihipun | lami gêsang anèng dunya | tuwuk sih paduka gusti ||

20. lan kang abdi titir tatal | sampun mênggah mêngsah prang tyang Mêntawis | tinêmpuhna [tinê...]

--- 2 : 267 ---

[...mpuhna] arga watu | angêbura samodra | tan kumêdhèp sêdayane abdinipun | pêjah ingayahan tuwan | wus kasêdya siyang ratri ||

21. sênadyan ing ariloka | sampun pisah ngèstupadaning gusti | Dipati Pathi myarsa tur | sagung prajuritira | lir tinêrês raose wêrdayanipun | wusana alon ngandika | ya bangêt tarima mami ||

22. prasêtyanira maringwang | anging iki lêgane ati mami | kakang êmas sang aprabu | dene tindak pribadya | ingsun sêdya atandhing suraning ripu | gandhèng kunca kantar boja | liru kanthèt gênti kêris ||

23. apragola wêntis jôngga | tosing balung ngadu pêrêding kulit | kêncênge otot lan ingsun | matur para prawira | sampun susah sagunge para tumênggung | Mêntaram kula kang mangsah | atandhinga ing ajurit ||

24. môngsa ta kula ulapa | yudanipun bupati ing Mêntawis | kang abdi kewala rampung | yèn maksih dhuwung kula | Kyai Gringsing ampuhe kêlangkung-langkung | ulun sudukakên arga | kayone sêdaya garing ||

25. tiyang kang ngambil kayunya | inggih sami kinarya bêthak gusti | ingkang nêdha sêkulipun | untune sami gugrag | kang sawênèh wêtênge sami malêmbung | Ki Dêmang Cêkaklak turnya | gusti sampun walanggalih ||

26. lamun taksih waos kula | Kyai Naga ampuhnya anglangkungi | yèn kinarya aprang pupuh | singa ingkang katiban | datan nampik [nampi...]

--- 2 : 268 ---

[...k] tiyang ingkang têguh timbul | saèstu jisime lungkrah | nguni sampun anglampahi ||

27. kula warangi punika | inggih wontên sapinggiripun kali | dêdhak lawan toyanipun | sami kawula bucal | dhatêng kali ulam salêbêting kêdhung | sami pêjah lir tinuba | ingkang ngambil mina sami ||

28. tinêdha lajêng tiyangnya | badan lungkrah bosok sêkala gusti | wêradin lan toyanipun | sintên kang ngunjuk toya | sami pêjah sami lan anêdha racun | tangguhipun Pêjajaran | wasiyatipun pun kaki ||

29. Sang Adipati Santênan | iya kabèh sanak manira iki | ingsun jaluk sukèng kalbu | padha sun ajak pêjah | aja ana gêrantês wardayanipun | yèn atine uwas-uwanuwas-uwas | mundura ta mumpung urip ||

30. atolèha anak rayat | saur pêksi sagunge pra prajurit | sang adipati gustiku | dene apindho karya | umanjinga ing yomani dasihipun | sampun pisah lan paduka | gumantya têmbang kinanthi ||

57. Kinanthi

1. iya sun tarima sagung | prasêtyanya marang mami | nanging ta panjaluk ingwang | aja na kang nguciwani | padha angêrêmna netra | aja sêdya nolèh wuri ||

2. Kandhuruan matur nuwun | dhuh gusti sang adipati | kamangkara lir paduka | dene kèn ngrêmkên pangèksi | punapa sang adipatya | botên andarbèni bêcik ||

3. nadyan kawula

--- 2 : 269 ---

pukulun | tumuta sabaya pati | yèn sampeyan nêdya pêjah | kula kang matia dhingin | yèn paduka nêmahana | kawula sampun mêningi ||

4. Arya Sawunggaling matur | prasêtya kawula gusti | sampun liya saking tuwan | anggèn kawula angabdi | yèn sampeyan sêdya pêjah | kawulane sampun kari ||

5. Arya Sindurêja matur | panêdha kawula gusti | yèn sampeyan arsa yuda | kawula ngamuk kariyin | yèn benjang kawula pêjah | sakarsa-karsa ing wuri ||

6. lan anêdha malih ulun | sampun ngawula liyaning | ing dunya praptèng dêlahan | mung sampeyan gusti mami | nadyan manjinga nêraka | kawulane sampun kari ||

7. apadene nèng swarga gung | tulusa kula dêdasih | tulusa angèstupada | mangraup suku sang pêkik | dèrèng rumaos kawula | sagêd malês sihing gusti ||

8. Ki Raja Mênggala matur | yèn sampeyan arsa jurit | môngsa kawula mundura | angamuk tiyang Mêntawis | panêdya kawula ing prang | botên niyat mantuk urip ||

9. Dipati Tohpati matur | wong punapa nêdya urip | yèn gusti amangun yuda | sapa kang lumayu benjing | sampun pinakanan sêga | prayogi dinulang tai ||

10. Tumênggung Binarong matur | yèn ana wong wêdi mati | eman-emane wanudya | pinondhong wong wêdi lalis | iku pantês [pantê...]

--- 2 : 270 ---

[...s] kang mangkana | amondhônga kirik gudhig ||

11. Sang Dipati Pathi muwus | ingkang ingsun têdha benjing | saking sêtya pêkênira | tinêtêpna ing Hyang Widi | dipati malih ngandika | amundhuta arak api ||

12. pawongan cèthi wotsantun | lan busana wastra tuwin | picis atanapi reyal | borèh lênga wangi-wangi | gêgubahan puspa raja | karang mêlok miwah sumping ||

13. kang dinuta sigra mundur | tan asuwe nulya prapti | Dipati Pathi ngandika | dhumatêng kang para sêlir | padha sira larihana | sêsumping trapna ing kuping ||

14. ingkang nayub sami wuru | kathah supe marang gusti | sawênèh ana angucap | panêdha kula ing benjing | yèn sampun têmpuh ing yuda | kula ingkang ngamuk dhingin ||

15. amalês sih gustiningsun | sang adipati ing Pathi | wutahe gêtih kawula | lan tigase jôngga mami | kula damêl nyaur benjang | sihing gusti marang mami ||

16. saturun kawula besuk | sampun liya dèn ujungi | yèn dede sang adipatya | tan suka kawula gusti | Dêmang Tumbakan angucap | panêdhaningsun ing benjing ||

17. ajanmaa kaping pitu | kawula maksih angabdi | sampun gusti ngantos liya | tan sagêd ngawula malih | yèn benjing têmpuh ing yuda | kula kang umangsah dhingin ||

18. sang adipati amuwus | prasêtyanira prasami | lan manira tan prabeda |

--- 2 : 271 ---

panêdyaningsun sayêkti | benjang têmpuhing ayuda | sun sêdya barênga mati ||

19. barênga lan sanak ingsun | miwah sagung para mantri | aja nganti ganti dina | angamuk uwong Mêntawis | nanging iya pirabara | yèn padha bisoa urip ||

20. nanging ta panduganingsun | ingsun mungsuh kakang aji | pirabara yèn mênanga | pasthine ingsun nêmahi | kaya pa lamun mundura | mendah ta èsêming janmi ||

21. eman-eman wêdi lampus | wong agung Bragola Pathi | bêranyak bagus prawira | dhasar wus wibawa mukti | munduran wêdia pêjah | mendah prawane wong Pathi ||

22. ingkang padha anggêguyu | Dipati Bragola mangkin | katêkan ing parangmuka | têka anglès wêdi mati | kaya dudu wong prawira | anglulun têka anyupris ||

23. Radyan Kandhuruan matur | lawan Arya Sawunggaling | lan Tumênggung Sindurêja | umatur sarwi anangis | dhuh gustiningsun pangeran | sampun tuwan tumut jurit ||

24. kawula gusti kang magut | yudane tiyang Mêntawis | yèn abdi tuwan sêdaya | kongsia mundur sênyari | rinampoga saking wuntat | dèn ngantyajur rontang-ranting ||

25. pangeran andika kundur | tulusa wibawa mukti | nyakrawati baudhêndha | wontên ing nêgari Pathi | kula piyambak kang mapag | yudane tiyang Mêntawis ||

26. tumangguh asmarèng ripu | yudane tiyang Mêntawis | benjang tuwan [tu...]

--- 2 : 272 ---

[...wan] umangsaha | kawula yèn sampun mati | pêjah satêngah ngayuda | môngsa borong karsèng gusti ||

27. sakarsa paduka kantun | kula sampun kantos uning | sang adipati ngandika | anêdha manira ugi | saking trêsna pêkênira | tan kuwawa amalês sih ||

28. winalêsa ing Hyang Agung | kapindho marang jêng nabi | sagunge sanak manira | miwah kabèh para mantri | antuka rahmating Sukma | amanggiha swarga adi ||

29. dinulura sêdyanipun | slamêta praptaning pati | aja na manggih sangsaya | dèn akua umat nabi | praptane ing ariloka | aja na pisah lan mami ||

30. Arya Mangunjaya matur | dhuh gusti sang adipati | sampun mêngsah raka nata | pan rakamta sri bupati | botên wontên cacadira | aturipun ngasmarani ||

58. Asmaradana

1. sang aprabu ing Mêntawis | sangêt sihe mring paduka | sampun andhahar ature | wadya kang tan arjèng sabda | amrih risak paduka | punika setan sawujud | sumiwi nyothe curiga ||

2. kang matur ngojok-ojoki | supados dadosing yuda | mung amrih rusak kimamawonLebih satu suku kata: mung amrih rusak kimawon | inggih punika bêndara | eblis anumpak gajah | raka paduka sang prabu | Sultan Agung ing Mêntaram ||

3. mring paduka langkung asih | pinarcados sêdayanya | ing lair têrus batine | apan paduka kinarya | gih

--- 2 : 273 ---

bupati wadana | angrèh pasisir sêdarum | tur ingandêlakên prana ||

4. punapa cinacad gusti | nguni Dipati Bragola | gih Pathi ngriki kithane | duk jênêngnya Senapatya | Ngalaga ing Mêntaram | balela dhatêng sang prabu | têmah manggih karisakan ||

5. mila atur kula gusti | sampun-sampun mêmêngsahan | lan raka paduka katong | mila kathah tur kawula | datan ajriha pêjah | saking bêkti trisna ulun | gusti dhumatêng sampeyan ||

6. sagung sanak-sanak mami | kang padha atur prasêtya | nèng ngarsane gustiningong | inggih alêrês sêdaya | saking sêtya tuhunya | ngabdi marang gustiningsun | nanging padha rasakêna ||

7. mungguh trape wong ajurit | paman ta têlung prakara | nistha madya utamane | yèn dudu tandhinge aprang | iku anêmpuh nistha | wong sawiji nêmpuh sèwu | iku dudu trap wong aprang ||

8. wong ngamuk punggung rannèki | ingaran wong nêdya ngêndhat | tur siya-siya patine | madyane uwong ayuda | padha lawan mungsuhan | utamane wong prang pupuh | kang ngêrobi tandhing ing prang ||

9. wadyane kang aja rêmpid | mungsuhe nungkul arisan | ingapura sadosane | yèn taksih anglawan yuda | kêkurangan pêkakas | sinungan pêkakasipun | yèn lara sinungan tômba ||

10. nguni wontên critanèki | wong sawiji mangun yuda | tanpa wilangan [wi...]

--- 2 : 274 ---

[...langan] mungsuhe | tumpês mungsuhe kang wêndran | ingkang sawiji waras | amung Menak Jayèngsatru | Wong Agung Surayèng Jagad ||

11. ujar ta sampun ginaib | dene Hyang Kang Maha Mulya | tinitahkên punjul dhewe | duk alame jaman kitrah | sawuri rasulolah | tan wontên kadya puniku | gusti nêgari Santênan ||

12. abdi paduka ing Pathi | amêngsah tiyang Mêntaram | pami kalèn lit toyane | anêmpuh kali bêngawan | mangsane banjir bandhang | paran margane rahayu | kalêbêt tyang nêdya rusak ||

13. dede Menak Jayèngmurti | pukulun tiyang Santênan | sang dipati ngandika lon | kayaparan Mangunjaya | dene uwis ubaya | lan Si Endranata iku | myang Pangran Madurarêja ||

14. dudu satriya sayêkti | lamun cidra ing ubaya | baya ta uwis pêsthine | dene Hyang Kang Maha Mulya | wis tinulis wak ingwang | dhingin ana lohkhil makful | sun mati mungsuh kakang mas ||

15. sayêkti tan kêna gingsir | tulise durung tumitah | uwis dadi papêsthène | môngsa bisaa wah-owah | jêr obahing kawula | saking Hyang Kang Maha Agung | kawula nora kuwasa ||

16. apa winicara maning | Mangunjaya malih turnya | gusti kang wus trang dhawuhe | jêng nabi ingkang mustapa | Mukhamad Rasulollah | Hyang Suksma gih dhawuhipun | dhatêng kawula sêdaya ||

17. kinèn [ki...]

--- 2 : 275 ---

[...nèn] nampik kinèn malih | lêlakon bêcik lan ala | pagene milih kang awon | jarag kudu siya-siya | apa tan kasikua | marang ing Hyang Suksmana Gung | kalêbêt anêmpuh sarak ||

18. mênggah ta tiyang aurip | punapa datan ngrêksaa | dhumatêng badan wadhage | sang adipati ngandika | paran ta Mangunjaya | gon ingsun suminggah iku | papêsthènira Hyang Suksma ||

19. jêr ingsun durung dumadi | wus mangkene takdiring Hyang | Mangunjaya lon ature | sampun kumênthus sampeyan | mila sangêt tur kula | jêr kawula tumut lampus | yèn sapeyan praptèng lena ||

20. môngsa kula kantun urip | nanging ta nadyan pêjaha | ingkang prayogi ucape | puniki karsa paduka | inggih pêjah anjarag | siya-siya kang tinêmu | paran datan gondhèlana ||

21. pira angèle wong mati | pira angèle wong aprang | yèn wus pinanggih nalare | jêr sama-sama tumitah | kêlawan wong Mêntaram | padha tinitah Hyang Agung | nora wêdi ujung tumbak ||

22. nora wêdi gênti kêris | lawan prajurit Mêntaram | yèn katêmu padha ijèn | ujar ika wong Mêntaram | nora kulit têmbaga | nora abêbalung prunggu | lawan datan otot kawat ||

23. sênadyan kulita maning | têmbaga otota kawat | pêrunggu iku balunge | ya môngsa ingsun wêdia | jêr ta padha kawula [kawu...]

--- 2 : 276 ---

[...la] | dudu kirun wanakirun | iya prajurit Mêntaram ||

24. mung siji masguling ati | wong balela ing narendra | nora prayoga ucape | ratu kalifahing Allah | sênadyan ta ratua | awênang lamun minungsuh | yèn ratu agawe rusak ||

25. jêr iku Sultan Mêntawis | ambêg adil palamarta | inggih puniki dadose | kêncênge karsa sampeyan | lir Prabu Dasamuka | rikalanira amungsuh | Sang Prabu Ramawijaya ||

26. tan dhahar aturing ari | Sang Gunawan Wibisana | mung anjarag rusak bae | anggêgawa wong sapraja | dhuh adhuh gustiningwang | anèng ariloka ulun | kang abdi angèstupada ||

27. dulunên sih kula gusti | benjing têmpuhing ayuda | sang dipati ngandika lon | Mangunjaya sun tarima | aturira maringwang | nanging ta kapriye ingsun | lamun ta angoncatana ||

28. ujar ngong kang wus kawijil | pira ta laraning pêjah | pan aran satriya ingong | wirang ngong pilaur pêjah | iya benjang kewala | ing ariloka katêmu | kabèh sanak-sanak ingwang ||

29. sang dipati angling malih | kabèh sanak-sanak ingwang | padha sêdhiyaa kabèh | ing benjang enjang ngong mêdal | atataa gêgaman | ginanjar wrata sêdarum | para prajurit Santênan ||

30. nulya kundur sang dipati | malêbêt ing dalêm pura | amêthuk para garwane | pra sêlir ngiring wurinya | sawusira [sa...]

--- 2 : 277 ---

[...wusira] pinarak | andhèr para garwanipun | ana angusap sri nata ||

59. Sinom

1. kang para garwa tumingal | cahyane sang adipati | netya beda lawan saban | para garwa matur aris | kawula matur gusti | punapa ta karanipun | dene datan ngandika | punapa duka mring rabi | pan kawula suka dipun jêjuwinga ||

2. sang dipati angandika | kawruhanta nimas yayi | pan ingsun tutur mring sira | sun iki pamit ngêmasi | marang sira mas gusti | ingsun benjang arsa mêthuk | yudane kakang êmas | Sri Naranata Mêntawis | sakabèhe garwaningsun iya sira ||

3. ing bênjang sapungkur ingwang | dèn bisa sira mas yayi | angawula mring Mêntaram | dèn bisa angalap ati | lawan ingsun atitip | maring putraningsun jalu | luwih saking mêmêlas | durung wruh rasaning mukti | ingsun tinggal poma yayi dèn karêksa ||

4. lah ta yayi wruhanira | yèn ingsun amangun jurit | lawan kakang mas Mêntaram | amêsthi tumêkèng pati | kang garwa sami anjrit | miyarsa sabdaning kakung | umyung sajroning pura | para garwa para sêlir | miwah cèthi parêkan tuwin pawongan ||

5. manggung-manggung akaruna | katut para nyai alit | alara-lara karuna | anut kancanira nangis | tangise jêrit-jêrit | nora wêruh purwanipun | amung tangis tularan | para garwa aturnèki [atur...]

--- 2 : 278 ---

[...nèki] | dhuh kakang mas bok inggih sampun mangkana ||

6. wêlasa dhatêng pawongan | yèn tinilar kadipundi | sintên kula ladosana | sampun sampeyan ajurit | lawan rakamta aji | anut ature wong gêmblung | punapa cacadira | rakamta sri narapati | yèn paduka lingsêm anuwun apura ||

7. kawula ingkang sowana | dhatêng kangjêng sri bupati | kang sapisan kadang tuwa | kaping kalihe narpati | wajib mala anggitik | wajib ngapura ing luput | môngsa siyosa duka | wau ta sri narapati | yèn paduka kakang mas nuwun apura ||

8. sampun ta sampeyan bôngga | mring raka paduka gusti | wêlasa dhatêng pawongan | kang raka ngandika aris | wus pinasthi Hyang Widi | yayi praptèng ajal ingsun | dening wadya Mêntaram | ingsun ingkang amêkasi | awibawa anèng nêgara Santênan ||

9. putranira Radèn Rôngga | apan ora anggêntèni | uripira pirabara | kang garwa sayanjrit nangis | sambate mêlasasih | wong dalêm sangsaya umyung | samya milu karuna | wau Sang Dipati Pathi | datan keguh ginubêl ing para garwa ||

10. kang kaèsthi ing wardaya | tan arsa cidra ing jangji | wus kinikis kang wardaya | wong urip wêkasan mati | nadyan tumêkèng pati | prayoga ucaping pungkur | tan cidra ing ubaya | ya ta kawarnaa enjing | sang dipati tan sêdya gingsir ngubaya ||

--- 2 : 279 ---

11. wau Dipati Bragola | adus kuramas abêrsih | lêbar lajêng agêgônda | jêbat kasturi kang wangi | busana wus sumandhing | sêksana lajêng angrasuk | nyampinge sêmboja sêkarLebih satu suku kata: nyamping sêmboja sêkar | paningsêt cawêni putih | arasukan langking rinenda kêncana ||

12. pamêkak cindhê puspita | sarungan kêris tinulis | sawit tandha dhasar pêthak | ukirane tunggak sêmi | dhuwunge parungsari | apan jigja tangguhipun | wangkingan rangkêp tiga | kang satunggal tangguh Tubin | dhapuripun carita akêlenthangan ||

13. kang satunggil dhuwungira | Ki Kêlêng ingkang anggitik | nênggih dhapure sêmpana | katiga sampun rinakit | lancingan cindhe wilis | rinenda dondomanipun | pamêkak gêgêbyogan | tinurut kinitir-kitir | yèn sinawang rênyêp-rênyêp kadi lintang ||

14. ajamang mas kinartipa | têbah jaja anting-anting | kêlatbau agêgêlang | bêbadhong sampun rinakit | lancingan rangkêp kuning | asingsim pating palancur | sinawang sang dipatya | kadi Karna Senapati | tinandhing prang lan Arjuna Bratayuda ||

15. prajurite wus agêlar | anganti wijiling gusti | gêgaman sampun mêlatar | dinulu lir gunung sari | gêgaman warni-warni | waos benang miwah wulung | ana kang tumpêr ingas | wênèh bung ampèl myang jinggring | kang sawênèh benange kinapurônta ||

16. warnanên sang adipatya | saksana sigra [si...]

--- 2 : 280 ---

[...gra] umijil | ginrêbêg ing para garwa | udrasa para pawèstri | sêdaya luhnya mijil | praptèng latar kinèn wangsul | sêdaya para garwa | prasami lara anangis | cipatanira badhe tinilar pralena ||

17. sang dipati sampun prapta | nèng paseban nulya linggih | obah kang baris ing jaba | gêgaman dalêm wus mijil | tabuhanira asri | asri umbul-umbulipun | lêlayu abra sinang | lir pendah prawata sari | wastanira kang dadi lurah kapêdhak ||

18. Citrapati Cakrayuda | lawan Prayahita malih | Sragêni lurah kanoman | Prayanôngga lawan malih | nênggih ingkang nisihi | Ônggayuda wastanipun | Yudapati PatrawisaLebih satu suku kata: Yudapati Ptrawisa | lurah nulup Wisamarti | wong anyutra Ônggadara Jalêksana ||

19. wong angrangin lurahira | Jayèngsari Jayèngrêsmi | wong magêrsari akapang | sêdaya prayitnèng wèsthi | nganti dhawuhing gusti | budhale wadya sêdarum | sang dipati parentah | têngara budhalkên baris | gya têngara kang baris pangarsa budhal ||

20. busana awarna-warna | ana bajo wora-wari | baludru ana sangkêlat | rinenda turut pênjait | sangkêlat warni-warni | kuning irêng biru wungu | wênèh sangkêlat seta | galar kunus sutra wilis | asri tinon lir pendah prawata sêkar ||

21. têlase gêgaman jaba | sumambung sang adipati | nitih kuda dhawuk pêthak | awasta [a...]

--- 2 : 281 ---

[...wasta] pun layarwarih | binusanan bra asri | jro pura kang kinèn tunggu | mantri papat pinatah | kang sami prawirèng jurit | lampahira wus prapta jawining kitha ||

22. lajêng tata pêsanggrahan | kasukan-sukan angênting | ênêngêna ing Santênan | kawarnaa sri bupati | nèng pakuwon siniwi | Endranata alon matur | pukulun sri narendra | rayinta Dipati Pathi | mêthuk yuda jawi kitha mêsanggrahan ||

23. sri narendra angandika | payo atataa baris | kang dadi pangawak kiwa | Singaranu kang nindhihi | pangawat têngên iki | ingkang dadi tindhihipun | puniku karsaningwang | Endranata kang nindhihi | pra sêntana kabèh kang dadia dhadha ||

24. nindhihi têngêran ingwang | manira kang anèng wuri | kabèh bupati Mêntaram | pra sêntana kang nindhihi | padha dèn ngati-ati | wong Pathi prakosa têguh | gêlara grudha nglayang | rampung timbalan narpati | pra dipati lajêng anata gêgaman ||

25. wus sami sawang-sinawang | wong Pathi lan wong Mêntawis | sêdaya para sêntana | kang krakêt parêk sang aji | rada lindhuk gonnèki | pagêr jarak kêliripun | ênêngna sri narendra | wau Sang Dipati Pathi | apinarak nèng têratag pêsanggrahan ||

26. Dipati Pathi ngandika | marang Kandhuruan aris | pêspadaknawêspadakna kang pratela | ênggone kakang mas ngêndi | iku sun sêdya ngati [nga...]

--- 2 : 282 ---

[...ti] | mring Allah panêdhaningsun | aja liya manira | kang nangani maring mami | yèn liyaa kakang mas ingsun tan lila ||

27. matia nèng ngarsanira | sun arsa atandhing sêkti | jaya mrata sura mrata | matur nêmbah Sawunggaling | kula sampun kèn nêlik | kang kiwa gêgaman agung | Singaranu punika | ingkang minôngka têtindhih | baris kanan tindhihipun Endranata ||

28. dene ingkang dadya dhadha | sagunge wadya Mêntawis | tindhihe para sêntana | raka paduka sang aji | ênggène anèng wuri | alindhuk panggenanipun | kalingan pagêr jarak | ngandika sang adipati | lah ta payo aja nganggo kêlayatan ||

29. gêlara gurdha anêba | saeka barêng ngêmasi | sêksana nêmbang têngara | kang bêndhe bèri tinitir | tambur salomprèt suling | mabyungan suwaranipun | sagung para sêntana | kanthi wuru sawêtawis | wus prajangji ing prang tan sêdya mundura ||

60. Durma

1. Kandhuruan matur kula nuwun lilah | arsa ngamuk rumiyin | Sawunggaling turnya | kèjèk gusti sampeyan | sapun tumut magut jurit | eca sarea | wontêna dalêm puri ||

2. sang dipati angling padha sun tarima | prasêtyamu mring mami | nanging sêdyaningwang | kabèh wong ing Santênan | aja na mundur ing jurit | barênga pêjah | sirna satêngah jurit ||

3. payo ngantêp ayuda lan wong Mêntaram | aja [a...]

--- 2 : 283 ---

[...ja] na mundur jurit | sêksana parentah | mariyêm linggar munya | swara lir ngrubuhna langit | mimis lir udan | pêtêng kukusing bêdhil ||

4. surak lir grah prajurit wus nitih kuda | Kandhuruan nèng ngarsi | Sawunggaling jajar | wong Mêntaram prayitna | suraknya mawanti-wanti | lir pendah gêrah | anêmpuh wadya Pathi ||

5. êlor kidul surakira ambarungan | kadya rubuh kang langit | ngamuk wong Santênan | nêmpuh pangawat kanan | sêsumbar Ki Sawunggaling | lah tadhahana | prajurit ing Mêntawis ||

6. Sawunggaling prajurite ing Santênan | Endranata nindhihi | prajurit kang kanan | wong pasisir sêdaya | tinêmpuh mring Sawunggaling | lan sawadyanya | tan ana ngeman pati ||

7. Kandhuruan nêmpuh sarwi sumbar-sumbar | aja na ngapirani | pring sadhapur kônca | êndhog sapatarangan | aja na cidra ing jangji | barênga pêjah | aja na mundur jurit ||

8. sarêng nêmpuh prajurite ing Santênan | tandange gêgilani | anglir singa lodra | galak amôngsa jalma | lir gunung rubuh kang bêdhil | suraking bala | kadi rubuh kang langit ||

9. asauran lan swarane kalataka | wong cilik ing prang dhingin | rame ingkang yuda | pêtêng têngah payudan | awit kukusing kang bêdhil | ramening yuda | lir gabah dèn intêri ||

10. kukus pêtêng gagap-gagapan kang yuda | sêdaya gamannèki | tumbak ganjur pêdhang [pê...]

--- 2 : 284 ---

[...dhang] | prawira antuk papan | solahe bala ing Pathi | lir banthèng mêta | tandange wadya Pathi ||

11. mêdhang numbak wong pasisir bubar-bubar | tan ana môngga pulih | prajurit kèh pêjah | tandangnya nora pira | sira Arya Sawunggaling | pangamukira | saklangkung gêgilani ||

12. Ki Tumênggung Endranata pan tumingal | lamun prajurit Pathi | angamuk manêngah | kadi singa mêmôngsa | Endranata sigra gêndring | tan tolèh wuntat | bokonge koplak-kaplik ||

13. kêbatira pêlayune Endranata | Ki Arya anuruti | mring Ki Endranata | ingkang binuru kêbat | anulya malik kulambi | atilar bala | amor lawan pêkathik ||

14. sirna larut wong pasisir barisira | samya ngungsi ing wuri | nanging tan atêbah | sigra wadya Santênan | wus mingêr pangamuknèki | wadya Mêntaram | sampun angati-ati ||

15. sigra nêmpuh wong Pathi mring wong Mêntaram | rame têmpuhing jurit | akèngsêr pamuknya | wong Pathi katadhahan | tan ana angucap ajrih | ramening surak | têtêg awor lan bêdhil ||

16. kadya ombak samodra môngsa kasapta | ramene wong ajurit | Ki Nayamênggala | panggih Ki Nayahita | arukêt saluhur wajik | sêndhal-sinêndhal | sarêng kêris-kinêris ||

17. ting salêmprot sarêng niba saking kuda | sampyuh sarêng ngêmasi |

--- 2 : 285 ---

Ki Sura umangsah | aprang lan Jagabaya | rame watangira uthik | Surabramantya | panumbake anitir ||

18. Ki Tumênggung Jagabaya sigra numbak | Surabramantya nangkis | nanging kabêrabad | kêna gulu iringnya | Surabramantya ngêmasi | suraking bala | kadi karênging langit ||

19. Jayèngrana aprang lawan Martalaya | wong sèwu angêmbuli | sami kuwatira | langkung ramening yuda | Martalaya ngangsêg wani | Ki Jayèngrana | tumandang narik keris ||

20. Martalaya sêksana narik curiga | goco-ginoco gênti | Jayèngrana pasah | jaja crih rahnya muncrat | aniba lajêng ngêmasi | Ki Kandhuruan | têtulung ing ajurit ||

21. sampun pangih ayun-ayunan kalawan | Tumênggung Rajaniti | sami ngagêm watang | dangu gêbang-ginêbang | Rajaniti anglarihi | ginêbang jêplak | nulya dipun larihi ||

22. Rajaniti kêna jajanira tatas | muncrat ludira mijil | aniba nèng kisma | datan kongsi mindhoa | Ki Rajaniti ngêmasi | suraking wadya | lir umbak nêmpuh curi ||

23. Mangunonêng wêruh anake palastra | kudane dèn camêthi | adhuh putraningwang | durung wayahmu pêjah | lawan sira durung mukti | hèh Kandhuruan | payo tandhing lan mami ||

24. gya tinumbak Kandhuruan kapalêsat | tiba saking turanggi | nèng kisma brangkangan | nanging ta datan pasah | tinumbak tinitir-titir [tinitir-ti...]

--- 2 : 286 ---

]

[...tir] | Ki Kandhuruan | ngadêg sarwi nglarihi

||

25. Mangunônêng tinumbak jajanya pasah | niba lajêng ngêmasi | sigra Kandhuruan | kudanya tinitihan | anulya dipun camêthi | asumbar-sumbar | watangira kumitir ||

26. lah rêbutên iya iki Kandhuruan | kaipe mring Dipati | Bragola Santênan | ing kene kêmbulana | dadi bungahe tyas mami | barênga mara | ing kene ngong kêmbari ||

27. Kartajaya aprang lawan Yudabôngsa | rame ukih-ingukih | atumbak-tinumbak | Kartajaya kabranan | panumbake nitir-nitir | anulya niba | Kartajaya ngêmasi ||

28. Ki Dipati Santênan ningali wadya | mantrine akèh mati | langkung sangêt merang | aprang angadu bala | nitih kuda cinamêthi | wastaning kuda | nênggih pun layarwarih ||

29. sarêng mangsah kapêdhak lawan jinêman | kudanya sami nyirig | tan liyan sinêdya | dipati ing Santênan | mung kang raka sri bupati | têngêranira | pinêlêng jroning galih ||

30. sampun parêk lawan gêgaman Mêntaram | kinarutug ing bêdhil | surak lir ampuhan | bêndhe munya angangkang | Kodhokngorèk rame muni | sang adipatya | datan anolèh wuri ||

61. Pangkur

1. dyan kinêtab kudanira | aprayitna sagung wadya Mêntawis | sang dipati sigra nêmpuh | wadya Mêntaram tadhah | liwung awor wadya Mêntaram kèh lampus |

--- 2 : 287 ---

dene prajurit Santênan | tandangnya lir banthèng kanin ||

2. anumbak mêdhang anigas | anyuduki anjêjêg angakahi | arame kang yuda campuh | swara kadi prahara | bêdhil muni lawan kalataka barung | bêndhe bèri mawurahan | awor tambur miwah suling ||

3. kang têtêg kaya butula | surakira mungsuh rowang pan anjrit | swarane atri gumuruh | kadya prawata bêntar | wong ing Pathi sumêdya sarênga lampus | sira Dipati Bragola | wus sumêdya lêbu gêni ||

4. Singaranu wus kèsisan | katunjang ing wadya mèlu anggêndring | Dipati Pathi angamuk | tan ana wani tadhah | bubar larut sagunge wadya Mêntarum | jêng sultan anyandhak sigra | Ki Bicak tinabuh aglis ||

5. bêngkêk datan bisa munya | ya ta wau kangjêng sri narapati | nulya sumungkêm ing kêpuh | maladi sêmèdinya | pan anêgês karsaning Suksma Kang Agung | wungunya sigra anyandhak | Ki Bicak tinabuh muni ||

6. angangkang anèng awiyat | pra sêntana sigra ngingêrkên baris | sêdaya sarêng manêmpuh | myarsa swara Ki Bicak | Adipati Pathi têrang dênnya ngrungu | swarane Ki Bicak ngangkang | angingêrakên turanggi ||

7. sarwi sru dènira mojar | lah ta payo wong Pathi iki muni | Ki Bicak tinêmbang ngungkung | pra sêntana katingal | barisira sampun arakit sêdarum | prawira Pathi anulya | prasami nyamêthi wajik [waji...]

--- 2 : 288 ---

[...k] ||

8. wus sêdya lêbu tumangan | pra sêntana sampun prayitnèng wèsthi | sumêdya ngawaki pupuh | sarêng nyamêthi kuda | sarêng nêmpuh para sêntana Mêntarum | wong Pathi sarêng tumingal | prasami nyamêthi wajik ||

9. nêmpuh sêntana Mêntaram | wadya Pathi Rahadèn Wirasêkti | anyamêthi kudanipun | sarwi angêmbat watang | mungsuh rowang suraknya atri gumuruh | sami prajurit kapanggya | rame watangira uthik ||

10. wong Mêntaram ingkang nama | Radèn Wirawiguna kang prajurit | Wirasêkti matang gupuh | mring Dyan Wirawiguna | gya ginêbang winalês tinumbak wau | gulu iringira kêna | tan pasah niba ngêmasi ||

11. Wirasraya pan tumingal | mandhi watang têtulung Wirasêkti | biring lanangan kang dhapur | kumukus pucukira | sumbar-sumbar payo kene wong Mêntarum | kêpangguh Wirawiguna | lajêng dènira ajurit ||

12. Ki Wirasraya tinumbak | saking dharat panumbakira nitir | Wirasraya jajanya trus | aniba sampun pêjah | Ki Dipati Tohpati sigra têtulung | sigra anyamêthi kuda | panggih Pangran Mangkubumi ||

13. arame tumbak-tinumbak | watang putung gya mudhun saking wajik | kalihira sarêng caruk | candhak-cinandhak pinggang | kalihira sarêng sami narik dhuwung | asuduk-sinuduk gêntya | sami têguhira kalih ||

14. kêrisira tanpa karya | sigra gêlut ukih banting- binanting | Pangran [Pangra...]

--- 2 : 289 ---

[...n] Mangkubumi wau | angrasa yèn kasoran | nyandhak konthol Tohpati jola anjumbul | binanting tiba anulya | tinunggangan dèn kakahi ||

15. Tohpati asru amojar | acarobo wong Mêntaram ajurit | Pangran Mangkubumi muwus | ing sak ajang-ingajang | jêr ta iki rêbut urip rêbut lampus | dèn idak gulune pêjah | wau Tumênggung Tohpati ||

16. Sindurêja mangsah panggya | lan Pangeran Pugêr sami sawiji | adangu lawung-linawung | tan ana kang kasoran | Sindurêja angantêp panumbakipun | Jêng Pangeran Pugêr panggah | watang putung tan nêdhasi ||

17. gya sinudhuk Sindurêja | jaja tatas aniba wus ngêmasi | Kandhuruan mangsah gupuh | sarwi asumbar-sumbar | lah rêbutên iki prajurit linuhung | banthènge nêgri Santênan | papagna padha prajurit ||

18. singa tinêrajang bubar | wong Mêntaram tan ana môngga pulih | Panêmbahan Purbayèku | awas dènnya tumingal | wong Mêntaram yudanira mawut-mawut | panêmbahan sigra mangsah | lawan Kandhuruan panggih ||

19. panêmbahan sru dêlingnya | Kandhuruan lumayua sira glis | emanên bojomu ayu | kuwatira sapira | akulita têmbaga wêsi balungmu | otot kawat sungsum gala | nora wurung sira mati ||

20. Kandhuruan asru lingnya | baya nora nana manungsa sêkti | amung Purbaya sirèku | sun

kêmbari

--- 2 : 290 ---

tutugna | sabudimu durung ulap ingsun mungsuh | Kandhuruan sigra numbak | Pangran Purubaya kuntit ||

21. kajêngkang karangkang-rangkang | asru angling setan Kandhuruan bêlisLebih satu suku kata: asru angling setan Kondhurwan bêlis | anumbak tan wêruh ngurus | Kandhuruan ta sira | lah emanên bok uga putung tanganmu | Ki Kandhuruan miyarsa | anggêtêm anggigit lathi ||

22. panêmbahan mèsêm mujar | usapana tumbakmu gupak gêtih | Pangran Purubaya muwus | eman-eman ngong tapa | yèn pasaha katumbak angur ta lampus | nalika duk anèng tampah | Kandhuruan sru sumêngit ||

23. yèn tumbakku nora pasah | payo kene sira ngunusa kêris | anitir panumbakipun | Pangeran Purubaya | narik kêris Kyai Panji agêmipun | kêna jajanira niba | datan pasah ingkang kulit ||

24. nanging anuntak ludira | kalesedan Kandhuruan ngêmasi | Pangran Mêgatsari ngamuk | kinêmbulan ing kathah | kanan kering ing ngarsa miwah ing pungkur | kadi Abimanyu yuda | rinêbut Kurawa pati ||

25. nalika prang Bratayuda | lir kitiran lawunge Mêgatsari | gya Pangran Purbaya nêmpuh | tinumbak sang pangeran | jaja têrus aniba anulya lampus | wadyanira jêng pangeran | saksana angrubut wani ||

26. Jêng Pangeran Purubaya | kinarubut mring wadya Mêgatsari | laju nêmpuh ngamuk liwung | kadya Sang Jayèngrana | ing nalika prang lan Samadana

--- 2 : 291 ---

Prabu | wong Mêntaram duk tumingal | pangeran rinêbut jurit ||

27. kang mlajar bali sêdaya | atêtulung jêng pangran ing ajurit | wong Mêntaram sarêng nêmpuh | wadya ing Pathi panggah | dèn êbyuki ing kathah wus akèh lampus | Sawunggaling ngamuk nêngah | tandangira gêgilani ||

28. mobat-mabit lawungira | kinarubut dening wadya Mêntawis | singa kang tinêmpuh mawut | kudane sampun pêjah | narik kêris adharat dènira ngamuk | kang tinrajang bubar-bubar | Jêng Pangeran Purbayèki ||

29. tyasira rada was-uwas | wus liniga dhuwunge Kyai Panji | momor lan prajurit jagul | Sawunggaling tan wikan | gya sinuduk saking ngiringan kang lambung | anjola malês tan angsal | niba lajêng dipun byuki ||

30. mring wadya Mêntaram kathah | tinalenan binônda Sawunggaling | Raja Manggala têtulung | nêrajang amanêngah | Jêng Pangeran Purubaya awas dulu | anulya pinapag ngarsa | Raja Mênggala nglarihi ||

31. wanti-wanti panumbaknya | watang putung pangeran anglarihi | angênèni jaja têrus | Raja Manggala pêjah | Adipati Bragola awas andulu | prajurite kathah pêjah | kêlangkung merang tan sipi ||

32. asru dènira ngandika | kari mati jênêng manira iki | kapêdhak jinêman sampun | akathah ingkang pêjah | ingkang gêsang wêtara mung patang puluh | punika tan kêni têbah | mangsah tan sêdya ngunduri ||

--- 2 : 292 ---

62. Durma

1. Adipati Santênan pangamukira | anglir Bimanyu jurit | ing prang Bratayuda | rinêbat ing Kurawa | binêdhilan ngarsa wuri | ing kering kanan | mimis kadya gurimis ||

2. tan tinolèh dene Dipati Santênan | amung sri narapati | pinêlêng wardaya | adangu ingulatan | sêmana wau kêpanggih | ênggèn sang nata | kudane dèn camêthi ||

3. sri narendra anitih kapal bêndana | pun wagugên namèki | cêmêng ulêsira | gamêlira wotsêkar | dhuh gusti paduka salin | kapal bêndana | pun wagugên puniki ||

4. wanti-wanti turipun tan piniyarsa | sapisan kaping kalih | ping tiga kaping pat | kangjêng sultan ngandika | môngsa sun sêdya gumingsir | wus ingsun sêdya | iya barênga mati ||

5. wus tinitir Ki Bicak munya angangkang | wadya kang anèng ngarsi | sarêng alokira | lah payo iki prapta | kapêdhak sawiji angling | alah ta ingwang | mati bubukên mami ||

6. Nayadarma kapêdhak bêkta ampilan | agême sri bupati | Kyai Baru Karna | binêkta Nayadarma | anulya anuwun pamit | sri naranata | ya ta ngandika aris ||

7. lah ta iya yèn satuhu wani sira | tumbakku baru kuping | sira tambakêna | Nayadarma tur sêmbah | sandika gya mentar aglis | saking ngarsendra | umangsah ing ajurit ||

8. Adipati Pathi wus kinalang-kalang | wus [wu...]

--- 2 : 293 ---

[...s] parêk sang dipati | anulya nêrajang | mring kapêdhak Mêntaram | prasami ngantêp kuwanin | wus tinadhahan | Sang Adipati Pathi ||

9. kinarubut kudanira sampun pêjah | malumpat sang dipati | ngamuk lan curiga | ya ta Ki Nayadarma | prênahe rada kapering | sigra tinumbak | wau sang adipati ||

10. lambungira Adipati Pathi pasah | dhasar sayah ajurit | sang dipati niba | lajêng nêmahi lena | rêbutan wadya Mêntawis | ngaku tuk karya | matèni sang dipati ||

11. sampun katur dhumatêng sri naranata | yèn dipati ngêmasi | kinèn ambêktaa | jisim marang ngajêngan | kapêdhak sigra wotsari | nulya lumampah | mring prênahe kang jisim ||

12. Mangunjaya wuninga dipati pêjah | angrêbat tan kuwawi | anulya lumajar | mulih maring Santênan | angukut kang kari-kari | dyan kawarnaa | ingkang amundhut jisim ||

13. wong kapêdhak kewuhan pambêktanira | arsa pinundhi-pundhi | satrune sang nata | arsa dipun sèrèda | iki sêntana narpati | sami kewuhan | ana wong tuwa siji ||

14. asru mujar puniki karêp manira | sirahipun pinundhi | sikil sinèrèda | sêdaya kapêthukan | anulya dipun lampahi | sirah ingangkat | sukune dipun irit ||

15. aningali sang nata kalangkung suka | sampun prapta ing ngarsi | sang nata ngandika | lah padha adêgêna | iku jisime [jisi...]

--- 2 : 294 ---

[...me] si adhi | wus jinaganan | ngandika sri bupati ||

16. tatabana apa gêgamane aprang | nulya dipun tatabi | datan anggêgawa | katur sri naranata | angandika sri bupati | adhi Santênan | wus sêdya nora mulih ||

17. lah wiyakên lathine adhi Bragola | apa baya barêsih | sampun pinariksa | katur rêgêt kang waja | angandika sri bupati | tan kobêr iya | asisig ta si adhi ||

18. angandika sang nata mring wadyabala | sapa ingkang matèni | wadya atur sêmbah | sami arêrêbutan | angandika sri bupati | hèh Nayadarma | prènèkna tumbak mami ||

19. pinariksa ki baru kuthah ludira | angandika sang aji | ya Si Nayadarma | kang matèni Bragola | kawarnaa Sawunggaling | sampun binônda | Endranata ningali ||

20. Endranata ngiwi-iwi sarwi ngucap | dene ta nora luwih | Sawunggathèl sira | ing mêngko wus binônda | angamuka sun jêjêgi | langkung bramatya | Sawunggaling sru angling ||

21. nora isin sira anjing Endranata | mau malik kulambi | arêp ingsun tumbak | umpêtan awor kompra | dene ta dêlapmu urip | eman sang nata | maringi tunggak sêmi ||

22. eman-eman alinggih lampit si bangsat | wong jêrih wêdi mati | duraka nèng dunya | Endranata miyarsa | wirang mundur linggih wuri | sarwi angucap | ngadhêp wong kêna

--- 2 : 295 ---

sarik ||

23. sampun katur Sawunggaling wus kabônda | dhawuh kinèn mêjahi | sampun pinêjahan | Sawunggaling sukèng tyas | kêlamun awèta urip | wirang nèng dunya | warnanên sri bupati ||

24. angandika sang nata mring Alap-alap | sira mentara aglis | lan Si Jagabaya | miwah Arya Panular | Si Ngabèi Wirapati | lan wong Mêntaram | milua urun mantri ||

25. amboyonga marang nêgara Santênan | poma sira dèn bêcik | yèn ana kang bôngga | anuli patènana | yèn wus mati kang prajurit | sira boyonga | dèn ênting aja kari ||

26. sarupane wong wadone ing Santênan | yèn bojone priyayi | ya sira tandhua | aja kongsi lumampah | lawan anggawaa joli | bok ipe benjang | sira tunggangna joli ||

27. Alap-alap lan Tumênggung Jagabaya | Panular Wirapati | wus amit tur sêmbah | nulya bubar sêdaya | datan kawarna ing margi | warnanên sira | Mangunjaya kang prapti ||

28. wus malêbu jro pura atur uninga | mring garwane dipati | yèn kang raka seda | tumpêsan saha bala | ya ta garwa samya anjrit | wong dalêm pura | gumuruh samya nangis ||

29. sêsambate sêdaya amêlasarsa | umung swaraning tangis | lir pendah ampuhan | sagunge para garwa | asangêt amêlasasih | aniba-niba | ana gumuling siti ||

--- 2 : 296 ---

30. putranira kang aran Rahadèn Rôngga | samya dipun tangisi | adhuh putraningwang | êndi ta ramanira | sapa wlas ing sira gusti | dhuh putraningwang | kakang mas adipati ||

31. jêngandika tilar putra maksih jabang | durung wruh rasa mukti | adhuh putraningwang | samêngko sira lola | kang putra barêbês mili | sajroning pura | gumrah swaraning tangis ||

32. para garwa prasami agêgulungan | ana kang sambat mati | ana sambat bapa | wênèh sambat lakinya | pundi ujarira asih | dhatêng kawula | pundi tandhane mangkin ||

33. têka dika tega tilar dhatêng kula | andika seda dhingin | dhuh kakang dipatya | kawula dika bêkta | datan sagêd kula kari | sang adipatya | ingsun gawanên mati ||

34. kapanggiha lan dika anèng akerat | tulusa angladosi | kula dhatêng dika | ênêngna jroning pura | ingkang gumêdêr anangis | wong dalêm pura | ya ta kang dhandhanggêndhis ||

63. Dhandhanggula

1. wong Mêntaram wus malêbêt sami | jroning kutha nêgari Santênan | anèng ing pasar barise | kawarna kang winuwus | sanggungsagung wadyabala ing Pathi | kang tinanggênah wuntat | sumêdya mrih lampus | mantri papat sêdya bela | Kyai Suraprameya kêlawan malih | gih pun Rôngga Jaladra ||

2. Surataka Pangalasan sami | wong sêkawan trah prajurit nyata | wus sami rumanti kabèh | warnanên ta kang

--- 2 : 297 ---

rawuh | wus udani wadya Mêntawis | yèn para mantri bôngga | praptèng alun-alun | wêtara wadya Santênan | kalih atus sigra têngara anitir | mantri papat bêk sura ||

3. kinarutug mimis datan gingsir | pangamuke wong Pathi lir buta | mêmôngsa sangêt kaluwèn | golong pangamukipun | wong Mêntaram tan sêdya gingsir | wong Pathi pêrangira | karoban ing mungsuh | têmahan pêjah sêdaya | prajurite papat ngamuk ngowak-awik | wong Mêntaram sudira ||

4. Alap-alap anyamêthi wajik | wus kêpanggih lan Suraprameya | awatang-winatang rame | Suraprameya nglawung | Alap-alap gêbang patitis | kontal watangnya jêplak | Alap-alap nglawung | kêna jajanira pasah | ingabênan kanine gya mundur nuli | ngamuk Rôngga Jaladra ||

5. Arya Panular ingkang nadhahi | watang-winatang Rôngga Jaladra | kabrabad gulu iringe | sanyari pasahipun | undurira sampun mêcati | mangsah Ki Surataka | Wirapati mêthuk | arame tumbak-tinumbak | Surataka atiba tinumbak aglis | pêcah jajanya pêjah ||

6. Jagabaya Pangalasan jurit | rame ukih tan ana kasoran | Ki Alap-alap nulya ge | mangsah sigra têtulung | gya anumbak saking ing kering | kêna pilinganira | mundur lajêng ambruk | anèng sapipining lawang | nulya linggih Pangalasan angêmasi |

--- 2 : 298 ---

nèng pipi lawang lênggah ||

7. Dêmang Suraprameya ngêmasi | linggih sarwi leyangan gêndhaga | Ki Wira Jaladra layon | mati ngurêbi pintu | Mangunjaya sarêng ningali | prajuritira têlas | sêksana lumayu | malêbêt ing dalêm pura | Radèn Rôngga wau kang dipun ulati | wus kêpanggih anulya ||

8. gya binêkta ngungsi munggah ngardi | wukir Prawata ingkang sinêdya | ya ta wadya Mêntarame | malêbèng pura sampun | gumêr gumrah swaraning tangis | Lap-alap Jagabaya | aniti sêdarum | sagunge kang rajabrana | lan wong dalêm Alap-alap amarani | marang sang rêtnèng pura ||

9. sang juwita maksih lara nangis | Alap-alap tan kêna marêka | amaksih têbih prênahe | sagung wong dalêm umung | sami nangis pating jalêrit | ana kang niba-niba | sinjangnya tan ketung | marga suta mangan lêmah | kang sawênèh sinjang malik praptèng kuping | wit sangêting karuna ||

10. angarompol lalêrira wilis | sami ngrubung kang marga atmaja | malah ta gayêr tangise | kêri asênut-sênut | lalêr wilis kathah kang manjing | sajroning kori praba | prandene tan ketung | nulya na wong tuwa prapta | gya ginitik sarwi sru dènira angling | dubilah iki apa ||

11. kang sawênèh ana niba tangi | kitrang-kitrang asêsambat biyang | dene sun lagi antuk sèh | tinilar marang kakung | ana ingkang nangisi nyai | cinêthot sarwi [sar...]

--- 2 : 299 ---

[...wi] ngucap | sira durung tutug | lagya olèh sih sadhela | wêkasane sira tinilar ngêmasi | ya besuk rasakêna ||

12. sira ana nêgara Mêntawis | môngsa dadak kuranga wong lanang | malah kuwarêgên kowe | môngsa kobêra turu | kang sapisan rupamu bêcik | kapindho maksih kênya | watak wong Mêntarum | môngsa trimaa ping sanga | sawêngine sira dèn angati-ati | ginarap wong Mêntaram ||

13. wis mênênga babo putu mami | aja watir kêkurangan pangan | ya anggèr ora-orane | sira ngantia nganggur | nèng Mêntaram têka sawêngi | mung nini kuthanira | batanên sing kukuh | pasangana paku rancang | baluwarti lamun ana mungsuh prapti | kang panggah aja owah ||

14. para sêlir lara-lara nangis | gêgulungan ing saparan-paran | kagulung sumur sirahe | nuju sat sumuripun | pan kajungkêl sirah nèng siti | brahalanira mangap | malongo lir bêruk | wong Mêntaram parêk miyat | amancêrêng lir kucing ningali cindhil | cinandhak sikilira ||

15. gya ingangkat ginawa manginggil | margatmaja ingêlus lan asta | kagêpok senapatine | kagèt anulya dulu | ana kakung sumandhing linggih | gapyuk rinangkul sigra | anulya ginêlut | adhuh lae ta si kakang | nora nyana lamun iki maksih urip | nyata trisna maringwang ||

--- 2 : 300 ---

16. wontên inya siji aningali | ngangên-angên sajroning wardaya | kaya priye wêkasane | yèn agung sami muwun | môngsa iya kandhêga tangis | tan wurung binoyongan | marang ing Mêntarum | ni inya aris angucap | mring Tumênggung Alap-alap ing Mêntawis | ni inya aturira ||

17. ki tumênggung mangke kadipundi | renanira gusti ing Santênan | kados ta pundi samangke | Alap-alap amuwus | lah ta nyai kadi punapi | ing rena jêngandika | kawula tan purun | inggih lamun masesaa | yêkti ajrih kawula dhatêng sang aji | amongah sang ratu mas ||

18. nikèn inya wuwuse amanis | lah kiyai joli pêkênira | andika lêbokna age | mangke kawula matur | sun ririhe sang rajaputri | mênawi sagêd lêjar | saking atur ingsun | sigra ni êmban lumampah | sampun prapta ngarsane sang rajaputri | lênggah kapara ngarsa ||

19. solahira kêlangkung ngalap sih | nikèn inya andheprok nèng lèmah | amêlasasih ature | dhuh nyawa gustiningsun | akèndêla mangke rumiyin | napa wêkasanira | manggung agung wuyung | dawêg gusti linampahan | wus wiyahe wong lanang mati ajurit | wong wadon dadi tawan ||

20. sang suputri tan kandhêg anangis | lara-lara dènira karuna | wong jro pura nangis kabèh | inya tan kandhêg matur | sênggruk-sênggruk [sênggruk-sênggru...]

--- 2 : 301 ---

[...k] sarwi anangis | dhuh gustiku mas nyawa | mèndêla karuhun | inggih manuta kewala | sampun kongsi ginêpok wadya Mêntawis | gusti dados punapa ||

21. nikèn inya asru jêlah-jêlih | lah mênênga wong sadalêm pura | aja angrudah galihe | gustimu lagi liwung | têka padha bingungi nangis | balik padha dandana | lang-olanga sangu | lah sira môngsa wurunga | dipun bêdhol binoyong wadya Mêntawis | payo ta linakonan ||

22. sang juwita tyasira wus gigrig | amung kantun sêk-mingsêk kewala | ni êmban tumulya age | pinondhong sang rêtna yu | inginggahkên dhumatêng joli | para garwa sêdaya | jinoli tinandhu | wong dalêm prasami mêdal | cinawisan tandhu sampun sami nitih | wênèh anunggang tundhan ||

23. sarupane rabine priyayi | sampun sami tinandhu sêdaya | budhal sing nêgara kabèh | sêdalan tangis umung | lare alit pating jalêrit | ana kang jaluk sêga | wênèh jaluk banyu | jaluk susu myang dolanan | apan kathah bêboyongan saking Pathi | kadi uwong angarak ||

24. ana dhudha tuwa kuru mêngi | tur madati mikul akringkangan | andêrwili sêsambate | dhuh adhuh awak ingsun | binoyong mring nêgri Mêntawis | ana nêgri Mêntaram | ana adol apyun | kalèlètku wus mèh têlas | yèn êntèka

--- 2 : 302 ---

nèng Mêntaram sangu mami | êndi gèn sun ngupaya ||

25. têtagihan baya banjur mati | angur ingsun yèn têkan Mêntaram | yèn êntèka lèlèt ingong | bêcik banjur angamuk | tandhing aprang lawan sang aji | yèn aku mênang aprang | banjur rabi ayu | gôndra pira wong Mêntaram | dènnya ngucap napasira mêmpis-mêmpis | umbêl luh dêleweran ||

26. tandhu joli andulur nèng margi | jajarane asri tiningalan | tumbak benang nèng ngarsane | langkung pangrêksanipun | magêrsari para prajurit | kocapa sri narendra | wus bubar karuhun | sampun prapta ing Mêntaram | sri narendra anggêganjar sakèh mantri | miwah para sêntana ||

27. pan bêdhahe nêgara ing Pathi | sinêngkalan pan sirna pandhita | tinata ratuSengkalan: sirna pandhita tinata ratu (1570 A.J.). babade | sêmana sang aprabu | pan adangu sang rajaputri | purwane lakinira | balela maringsun | sang dyah matur Endranata | ingkang bangus ambujuk ngadon-adoni | sang nata asru duka ||

27. duk sêmana sira sri bupati | sampun miyos siniwakèng wadya | akandhêg sitinggil bae | pinarak sitiluhur | Martalulut kang dèn timbali | lan Ki Singanêgara | ngandika Sang Prabu | Martalulut Singapraja | sudukana Si Endranata dèn mati | ana ing pagêlaran ||

28. ususira bêlabarna nuli | ing waringin kêmbar karonira | tugêlên iku lugune | êndhas [êndha...]

--- 2 : 303 ---

[...s] panjêrên gupuh | têngah ngalun-alun Mêntawis | jisime pakakêna | iya marang asu | kalihira sarêng nêmbah | asandika ing timbalan sri bupati | gya mentar saking ngarsa ||

29. wadya Mêntaram sêdaya ajrih | aningali dukane sang nata | konjêm ing siti mukane | Endranata wus lampus | lan binêdhèl usus ingambil | wus kinarya bêlabar | anèng wringin kurung | sri narendra sampun jêngkar | angêdhaton sagunge wadya Mêntawis | agiris manahira ||

63. Girisa

1. wus mangkana lama-lama | sri narendra siniwaka | pêpak ingkang wadyabala | miwah kang para sêntana | Panêmbahan Purubaya | kang tansah munggèng ing ngarsa | kang tinantun ing sri nata | kangjêng sultan angandika ||

2. lah ta uwa Purubaya | prakawis ing Surabaya | kang rama warti wus seda | kang kantun mung putranira | Ki Mas Pêkik parabira | punika ta karsa kula | sun boyongi mring Mêntaram | kula arsa wuningaa ||

3. Jêng pangran Purbaya turnya | kula sumôngga sang nata | inggih umiring sakarsa | prayogi katimbalana | sang nata anulya duta | gandhèk maring Surabaya | cêndhaking carita prapta | Pêrampelan dhukuhira ||

4. Alap-alap sampun panggya | dhawuhkên timbalan nata | sêdaya sampun jinarwa | dhawuhe sri naranata | Dèn Mas Pêkik asandika [asandi...]

--- 2 : 304 ---

[...ka] | anulya dandan gya budhal | Alap-alap dhawuh marang | Kyai Tumênggung Sapanjang ||

5. kinèn dandan angiringna | Dèn Mas Pêkik lampahira | mring Mêntaram dèn karêksa | kabèh uwong Surabaya | ing pungkur arumêksaa | lampahe ing Butuh prapta | angujung maring astana | sawêngi sare ngastana ||

6. Ki Mas Pêkik sare dagan | têngah dalu wayahira | ana swara kapiyarsa | angsung pemut ponang swara | alah ta Ki Surabaya | wruhanira besuk sira | ing Pajang ana narendra | putumu kang dadi nata ||

7. ngêdhaton ing Wanakarta | Ratu Kuning ingkang nama | iya kaki putunira | kulone kutha kang pura | kagyat wungu saking nendra | wus raina angandika | marang kang tunggu ngastana | apa sira ngrungu swara ||

8. ing Pajang kene cinêtha | ing besuk ana narendra | kaprênah putu manira | Ratu Kuning parabira | kêdhatone Wanakarta | juru kunci ris aturnya | kawula botên miyarsa | Dèn Mas Pêkik angandika ||

9. kariya tunggu astana | anulya budhal sêksana | datan kawarna ing marga | Ki Tumênggung Alap-alap | mring Mêntaram atur priksa | dhumatêng sri naranata | Dèn Mas Pêkik sampun prapta | sang nata lajêng sineba ||

10. pêpak ingkang wadyabala | miwah sagung pra sêntana | sang nata alon ngandika | lah ta uwa Purubaya | kados pundi rêmbagira [rêmbagi...]

--- 2 : 305 ---

[...ra] | Radèn Mas Pêkik punika | yèn prapta ing ngarsa kula | sintên yoga ngabêktia ||

11. punapa uga patuta | Dèn Mas Pêkik ngabêktia | uwa paduka galiha | kang dados prayoganira | Panêmbahan Purubaya | yèn saking pamanggih kula | Dèn Mas Pêkik ngabêktia | inggih wit kungkulan nata ||

12. botên kalêbêt ing nistha | sampun kawon kawruhira | prayogi tinimbalana | majênga ing ngarsa nata | wus ngandikan marang ngarsa | ing samangke lumêksana | sang nata suka ngandika | alêrês uwa paduka ||

13. hèh ta gandhèk timbalana | Dèn Mas Pêkik mring ngarsèngwang | gandhèk anêmbah sêksana | Kyai Alap-alap prapta | Dèn Mas Pêkik sadayanya | nèng sor ringin durung seba | gandhèk dhawuhakên sabda | marang Dèn Mas Pêkik sigra ||

14. lajêng marêk ngarsa nata | curiga sumèlèh kisma | sangêt nganorakên raga | muka lir konjêm ing kisma | dhasar sangêt ajrihira | katanggung dening sih nata | kang muka datan tumênga | sênênnya sri naranata ||

15. kadi kêmbar ingkang surya | merang sagunge manusa | mangrêpa tumungkul padha | Dèn Mas Pêkik lon aturnya | dhumatêng sri naradipa | gusti pêjah gêsang kula | katura ngarsa narendra | witing saking mudha dama ||

16. tuwuk sih paduka nata | pun dasih angeca-eca | botên sumêja sewaka | milamba duk tampi sabda | ngandika marêk ing

--- 2 : 306 ---

nata | ciptamba tampi nugraha | laelatul kadri prapta | sumusup jantung kawula ||

17. padhang têrang ing wardaya | myarsa rum manising sabda | pun dasih upami mina | kasrambah ing tirta marta | jêng sultan sarêng miyarsa | suka sajroning wardaya | sang nata aris ngandika | mring Dipati Surabaya ||

18. marma sira ngong prih seba | anèng ing ngarsa manira | wus pêsthi karsaning Sukma | patêmon sasi lan surya | sêdhênge bangun raina | umijil sang hyang radetya | patêmon lawan sêsôngka | iya iku upamanya ||

19. sakawan surup kang sôngka | yèn sêpi salah sijinya | pêsthi suwung kang buwana | Dèn Mas Pêkik pama côndra | manira upama surya | dadi têtimbanganira | ya Mêntaram Surabaya | yèn sira datan anaa ||

20. puwara rusak kang praja | puput ing Mêntaram têmah | lan manèh jênêng manira | nora têmu lawan sira | sirèku pama têlaga | pancurane ya manira | sira ingkang nadhahana | tirta gung tibèng têlaga ||

21. pêsthi asat kang têlaga | lamun ora nadhahana | mungguh upamane sotya | sirèku êmbananira | yèn êmbanan tanpa sotya | sayêkti suwung kewala | yèn sotya tanpa êmbanan | pan iku kurang utama ||

22. hèh Dèn Mas Pêkik ta sira | anèng Mêntaram wismaa | kadipatèn ya maksiha | nêgara ing Surabaya | sun paringkên maring sira | kabèh wadya Surabaya | aja owah

--- 2 : 307 ---

kaya kuna | kang linggih lampit gêndhaga ||

23. apan ta iku maksiha | aja owah kaya kuna | ing Mêntaram Surabaya | mapan ta tunggal kewala | Ratu Pêkik darbe praja | Mêntaram lan Surabaya | lamine datan winarna | Adipati Surabaya ||

24. tinariman ing sang nata | ingkang rayi sri narendra | Ratu Wandhan wastanira | sih lulut apalakrama | mangkana alama-lama | sang nata anèng jro pura | marang cèthi angandika | timbalana ri manira ||

25. Ratu Wandhan maring pura | matura manira lara | kang cèthi mintar sêksana | Ratu Wandhan dalêmira | kasurabayan punika | sampun umarêk ing ngarsa | Ratu Pêkik lênggah samya | cèthi dhawuh sabda nata ||

26. titi timbalan narendra | Adipati Surabaya | asru dènnya ngusap jaja | ing siyang dalu sumôngga | dasih tan sagêd lênggana | Ratu Wandhansari sigra | umangkat wus praptèng pura | sapraptaning ngarsa nata ||

27. nulya lênggah sri narendra | Ratu Wandhansari nulya | ngabêkti marang kang raka | mangusapi lêbu nata | Ratu Wandhan aturira | kakang aji grah punapa | tyas kula langkung kapita | kangjêng sultan lon ngandika ||

28. yayi luwih saking lara | manggon ing ati manira | angranuhi ingsun rasa | larane ati manira | dene ta ana pandhita | ing Giri durung aseba | marang Mêntaram samangkya | mung iku gêrah manira ||

29. nora nana

--- 2 : 308 ---

tambanira | tanah Jawa sun kang ngrata | wus kalah para narendra | amarga ing bôndayuda | mulane ing Giripura | tan sun rusak ing ayuda | durung pinêsthi ing Suksma | Sang Pandhita Giripura ||

30. ing samêngko maksih jaya | nanging ing samêngko iya | pandhita ing Giripura | pêsthi kang ngalahna yuda | iya amung lakinira | kasoran ing luhurira | ing nguni Susunan Ngarga | gêguru marang sang tapa ||

31. Susunan ing Ngampèldênta | iku purwane ing kuna | iku ta ingkang carita | ing purwane kuna-kuna | iku ta kang duwe crita | ing mêngko pan mèh tumêka | wirayat kang wus kacrita | dudukwuluh ingkang tômpa ||

64. Dudukwuluh

1. nuli tapa akathah yuwananipun | ing tanah Jawa umiring | angalahakên prang pupuh | Ratu Wandhansari aglis | mring kang raka awotsinom ||

2. yèn mêkatên karsa dalêm sang aprabu | kawula anuwun pamit | dhawuhkên timbalan mulku | sigra lèngsèr saking ngarsi | amêdal saking kêdhaton ||

3. lampahira ing Surabayan wus rawuh | wus panggih lawan kang laki | manêmbah angaras suku | Ratu Pêkik anulya glis | kang garwa sarêng wotsinom ||

4. gya rinangkul ingaras lungayanipun | anggarjita jroning galih | yèn ana karya kang pêrlu | anulya sang liring Ratih | sêmana lajêng pinondhong ||

5. pan ingêmban [ingê...]

--- 2 : 309 ---

mban ing cindhe puspita alus | binêkta ing jinêm wangi | lajêng dènnya pulanglulut | amain tikswara lungid | ing sawusira karongron ||

6. nèng jinêmrum sang rêtna bêbisik arum | ing karsane sri bupati | jinarwa titi sêdarum | purwa madya wêkasaning | ingkang raka lingnya alon ||

7. ingsun sêngguh yayi datan kadya iku | karsane sri narapati | yèn wêruha awak ingsun | iya duk ing nguni-uni | ing Giri pinrih sumaos ||

8. angidhêpa sujuda marang Mêntarum | wus kagêgêm tangan mami | nèng sêlaning drijiningsun | iku Sang Pandhita Giri | saèstune awak ingong ||

9. nora kalih lawan Giri Sang Awiku | lir amithês wohing ranti | pêsthi bêdhah Giri iku | Ratu Pêkik lingnya aris | dhuh kusuma pujaningong ||

10. sun aturkên mring rakanta sang aprabu | dasihe anyuwun pamit | mring Giri mêrêp ing ripu | sang rêtna anyabêt liring | kang raka tyasira kepon ||

11. aja watir pasrahna Suksma Kang Agung | dasihira datan lami | mring Giri ngrabasèng pupuh | ya ta nulya mangkat aglis | sarimbit malbèng kêdhaton ||

12. ingandikan sapraptane ngarsa prabu | Ratu Wandhan lan kang laki | wus ngabêkti kalihipun | tumungkul lir konjêm siti | sang prabu ngandika alon ||

13. kayaparan pandhita ing Giri iku | sun têmpuhakên sirèki | nungkule marang Mêntarum [Mêntaru...]

--- 2 : 310 ---

[...m] | umatur Pangeran Pêkik | pukulun gusti sang katong ||

14. gih sandika pun dasih nuwun pangèstu | dadosa jimating jurit | saking ing pangraos ulun | awêwaha sèwu malih | kados ing Giri kang mungsoh ||

15. dèrèng ulap ulun amêrêp ing ripu | samangke kawula amit | pangèstu dalêm kasuwun | kawula umangsah jurit | dhatêng ing Giri rêrêmpon ||

16. rayi dalêm kusumèng rat sang rêtna yu | datan ulun bêkta jurit | alon ngandika sang prabu | yayi mungguh karsa mami | bojonira ariningong ||

17. lawan kabèh kang para garwa-garwamu | padha gawanên ajurit | sawiji aja na kantun | uwis sah lumrah prajurit | kang lanang kasor rêbut rok ||

18. ingkang wadon upama jarahanipun | Pangeran Pêkik wotsari | mèstuti dhawuh sang prabu | kalih sarêng awotsari | mangaras pada sang katong ||

19. sri narendra alon pangandikanipun | adhuh yayi ari mami | aja pisah lan lakimu | sarêngna sapati urip | dèn pracaya mring Suksmanon ||

20. Pangran Pêkik sampun pinaringan sangu | êmas sêlaka myang picis | busana mawarna agung | Ratu Wandhan dèn paringi | busanèstri adi kaot ||

21. gya andonga wau Kangjêng Sultan Agung | sêlamêta ingkang rayi | dènira mangsah prang pupuh | mênanga dènira

--- 2 : 311 ---

jurit | rinêksaa ing Suksmanon ||

22. sang dipati lan kang garwa awotsantun | sigra lèngsèr saking ngarsi | lampahira sampun rawuh | ing dalêm parentah aglis | angumpulakên sagung wong ||

23. wus misuwur wong Surabaya sêdarum | samangke Pangeran Pêkik | pan sampun kalilan mundur | dhatêng nêgri Surawèsthi | sagarwa putra aboyong ||

24. suka-suka wadya lit siyaga kumpul | wahana myang tandhu joli | tanapi sagung pêpikul | para mantri pêpak ngarsi | Ratu Pêkik ngandika lon ||

25. wruhanira sêkabèhe mantriningsun | marma ingsun kinèn mulih | ing karsaning sang prabuKurang satu suku kata: ing karsaning sang aprabu | ingsun kinarsakkên jurit | maring Giri arêrêmpon ||

26. para mantri tur sêmbah sêyanipunKurang satu suku kata: para mantri tur sêmbah sêdayanipun | inggih yèn paduka gusti | amêrêp ing Giri wau | sampun paduka ajurit | maring Giri arêrêmpon ||

27. gôndra pintên tiyang Giri yudanipun | Pangran Pêkik ngandika ris | samêngko ingsun angrungu | Sunan Giri amèt siwi | pêranakan Cina tanggon ||

28. para mantri umatur adhuh gustiku | mêngsah Cina kucir malih | sênadyan Cinane gundhul | kawula gusti tan ajrih | arêbut rok ing prang popor ||

29. gôndra pintên Cina kucir Cina gundhul | kathah wadya Surawèsthi | wadya Giri tiyang gunung | panganane wi gêmbili | Pangran Pêkik ngandika lon ||

30. anak [ana...]

--- 2 : 312 ---

[...k] êmas ing Giri ta karsaningsun | ya nora sun pêrêp jurit | pan amung sun purih nungkul | patuta kêrana aris | dadi anggambuh lêlakon ||

65. Gambuh

1. wontên mantri kang matur | kula myarsa warta sang awiku | andarbèni putra angkat Cina kucir | Endrasena wastanipun | puniku digdaya tanggon ||

2. arsa mapag prang pupuh | Sang Pandhita Giri gya tumurut | aturipun Endrasena Cina kucir | amapagêna ing ripu | kang wadya punggawa golong ||

3. ngandhêlkên bêdhilipun | singa tinuju pan botên luput | gih punika sênjata andêling jurit | kang sinipat datan wurung | kêna mimis têmah layon ||

4. langkung pracayanipun | Panêmbahan Giri dhatêng kuncung | angandika wau ta Pangeran Pêkik | sokur Cina mapag ripu | môngsa ta mundura ingong ||

5. mungsuh prang Cina kuncung | mara nuli ambêndhea gupuh | atêngara prajurit samya mêrgilKurang satu suku kata: atêngara prajurit samya amêrgil | aglar anèng alun-alun | linèlèr arta panganggo ||

6. prajurit wrata sampun | nulya kinèn atêngara wau | panêngêran têngara bubarkên baris | budhal kang wadya panganjur | sajuru-juru mirantos ||

7. Pangeran Pêkik pungkur | saha garwa parèstri nèng pungkur | nitih joli prajurit nèng kanan kering | nitih kuda ulês dhawuk | busananira [busa...]

--- 2 : 313 ---

[...nanira] binarong ||

8. ginrêbêg wadyanipun | para prajurit kang anèng ngayun | yèn sinawang solahira gêgirisi | datan kawarna ing ênu | praptèng ngandhap amakuwon ||

9. tata pakuwonipun | sangandhap wukir Giri wadya gung | ambêlabar lir samodra tanpa têpi | nêngna kang sampun kêkuwu | ing Giri kang winiraos ||

10. sang pandhita duk lungguh | ingayapa para mantri agung | Endrasena kang tansah sumiwèng ngarsi | wontên mantri tuwa matur | ulun ngaturi pawartos ||

11. wontên mêngsah gêng rawuh | wadya Surabaya ingkang rawuh | tanpa wilis dêdamêl kados jaladri | ngêndhanu lir pendah mêndhumêndhung | tanpa watês kang pakuwon ||

12. badhe minggah ing gunung | ing Giri ngriki arsa ginêmpur | sang pandhita miyarsa ngandika aris | kayaparan ta budimu | Endrasena mungsuh rawoh ||

13. Endrasena umatur | kula ingkang amêthuk kang mungsuh | ya ta wontên kêtib tuwa matur aris | adhuh gustiku sang wiku | yèn tuwan dhahar tur ingong ||

14. luhung paduka patut | aris-arisan kewala nungkul | mindhak-mindhak ngathahkên risaking abdi | yèn tuwan mapag ing ripu | môngsa ta wurunga kawon ||

15. mêngsah tyang siji sèwu | kulit têmbaga balunga prunggu | otot kawat sungsum wêsi purasani | botên wande rêmak rêmpu | kulitipun ajur amoh ||

16. môngsa ta sagêd tatiruLêbih satu suku kata: môngsa ta sagêd tiru

--- 2 : 314 ---

inggih kuna-kuna critanipun | Bagendhambyah Wong Agung Surayèng Bumi | wong siji mungsuh nêm puluh | sèwu wêndra mungsuh lolos ||

17. ingkang sawiji wutuh | wulu sawiji pan botên runtuh | ingkang satus wêndra sirna brastha gusis | amung satunggil puniku | ujar tinitah Hyang Manon ||

18. lanang jagad sawêgung | botên kêni kêlamun tiniru | botên wande dados boja lalêr wilis | Endrasena sru ambêkuh | wis aja kakehan padon ||

19. aku dhewe kang magut | wêndran barana mungsuh kang rawuh | andhêlika aja sira mèlu jurit | jêr ta tan liya gunamu | mung yèn ana ajating wong ||

20. bêgagah gonmu ngêpung | prawirane iya santri gundhul | dèn adu prang mêringis kakehan criwis | Endrasena nêmbah matur | sarwi sru dènnya miraos ||

21. lawas sun ayun-ayun | amungsuh prang lan wong Surèngkewuh | praptèng jawi têngara bêndhe tinitir | kang wadya Giri akumpul | sagêgamannya mirantos ||

22. mrêbot modin ngalumpuk | kabèh sami abusana pingul | yèn sinawang kadi kuntul nêbèng sabin | kêtib utawi pangulu | nèng ngarsa ayun rêrêmpon ||

23. Cina pranakan kumpul | lan sêntana senapatinipun | Endrasena paranakan Cina kucir | bala Cina kalih atus | pating galidrah kadya

--- 2 : 315 ---

mong ||

24. mangsane asêsunu | katêndhagan marang buktinipun | para Cina wus Islam sêdaya sami | gaman abir miwah pênthung | canggak pêdhang tumbak kolong ||

25. nabuh têngêran kênthung | bêndhe bèri swaranira umung | sêdya ngamuk ing ayuda sarêng mati | sêksana umangkat gupuh | lampahing prajurit golong ||

26. wong Surabaya krungu | nulya anata prajuritipun | ingkang dadi dhadha sabêt kanan kering | tuwin awak lawan buntut | gêlar garudha anothol ||

27. Endrasena gih sampun | kang para prajurit sapun kumpul | mapan baris prajurit kang ngagêm bêdhil | sêksana prangira campuh | bêdhile muni bêrondong ||

28. kang binêdhil tan luput | wadya Surabaya kathah lampus | wadya Surabaya arsa ngamuk wani | kadhinginan tangkêpipun | wong Giri ngamuk kumroyok ||

29. mangsah wong Surèngkewuh | rame prang sampun acampuhKurang dua suku kata: rame ingkang prang sampun acampuh | ing yudane wong kalih asilih-ukih | suraknya lir gunung rubuh | para santri dhikir bêngok ||

30. kabèh anêdya lampus | wadya ing Giri ngamuk punggungKurang satu suku kata: wadya ing Giri angamuk punggung | sinasog ing tumbak busur miwah lêmbing | tan kandhêg pangamukipun | kasmaran anêmah layon ||

66. Asmaradana

1. wus bubrah tataning baris | wadya Giri anèng têngah | pangamukira wus amor | barise pating sulayah | gustine tan karuwan | wong ing

--- 2 : 316 ---

Surabaya kawur | prajurite kèh palastra ||

2. wadya Surabaya ngisis | wong cilik sami lumajar | pra prajurit bubar kabèh | ulate pating pandirang | datan môngga puliha | ya ta kêsaput ing dalu | kang buru mundur sêdaya ||

3. wong Giri wus sami bali | wangsul marang prênahira | wadya Surabaya kabèh | prajurite sami seba | dhumatêng gustinira | sêdaya sarêng umatur | ngaturakên pêjah gêsang ||

4. kawula tiwas ing kardi | wadya tuwan kathah pêjah | kang gêsang sami kaponte | kaburu kaponthal-ponthal | dhumatêng tiyang Arga | sêdaya atêguh-têguh | datan kandhêg ing tikswara ||

5. putra Cina kang nindhihi | tuhu kêlamun waspada | datan luput pambêdhile | wadya tuwan kathah pêjah | Pangran Pêkik duk myarsa | ature wadya sêdarum | ya ta angrês kang wardaya ||

6. tyasira pan sampun miring | rumôngsa datan kuwawa | tan sumêdya pulèh gêtèh | Ratu Wandhan waspadèng tyas | ingkang raka sungkawa | aris pangandikanipun | umatur dhatêng kang raka ||

7. yèn makatên kang ajurit | kawula anêdha lila | ing yuda ngong tandangane | kang raka gupuh ngandika | dhuh gustiningsun nyawa | ratu-ratuning wong ayu | kayaparan karsanira ||

8. wadyanira maskuari | prajurit akèh pralaya | kang garwa aris ature | sok uga andika lila | mênawi ta kawula [ka...]

--- 2 : 317 ---

[...wula] | sagêd mulihakên purun | kang raka asru ngandika ||

9. sakarsanira maskwari | manira baya suwala | amung andhèrèk kemawon | sêmana wus bangun rina | Ratu Wandhan gya mêdal | pinarak nèng tarub agung | akalihan ingkang raka ||

10. sineba ing para mantri | Ratu Wandhan angandika | marang wadyabala kabèh | hèh wadyane lakiningwang | iku pan darbèk ingwang | reyal namung wolung èwu | dumên kancamu dèn rata ||

11. sandika nulya binagi | wêrata wadya sêdaya | arta utawi pangangge | sagung prajurit wus tômpa | ganjarane sang rêtna | kadya rajapan dènnyandum | nora nana kaliwatan ||

12. prajurit ing Surawèsthi | Ratu Wandhan ris ngandika | hèh wadya manira kabèh | sagunge ganjaran ingwang | padha sira gawea | ngingoni anak rabimu | ing besuk yèn mulih sira ||

13. praptèng omah ywa kuwatir | yèn ingsun mulih ing benjang | ya marang Mêntaram ingong | ngaturakên pêjah gêsang | yèn iku pêrangira | tan ana kang wani kiwul | sun matur ing kangjêng sultan ||

14. jêr wus kalah gonmu jurit | kabèh kaburu ngayuda | pra mantri kang mati akèh | wong cilik samono uga | ya ta para prawira | sêdaya sarêng umatur | prasami nangis sêdaya ||

15. tanapi para prajurit | lan mati sami karuna | adhuh adhuh gustiningong | sampun ta kadya [ka...]

--- 2 : 318 ---

[...dya] mangkana | ingkang abdi sêdaya | panedyane siyang dalu | nglabuhi raka paduka ||

16. sarambut tan sêdya gingsir | ingkang abdi sêdayanya | lêbura lan siti amor | anglampahi ing ayahan | sampun mênggah ayuda | kalawan santri ing Gunung | têmpuhêna gunung waja ||

17. malêbêt sêgara gêni | angêbur samodra tawa | datan gumingsir abdine | kawula ing benjang enjang | gusti anyuwun lilah | ulun umangsah ing ripu | atandhing lan Endrasena ||

18. sênadyan balunga wêsi | otot kawat sungsum gala | têmbaga dados kulite | môngsa kawula ajriha | dene kagila-gila | mung Endrasena ginunggung | kaya wong lêlanang jagad ||

19. dinumèh wasis ambêdhil | môngsa ta iku kadia | Wong Agung Jayèngpalugon | yèn pêtak ngobahkên jagad | puniku Endrasena | anake Cina kêkuncung | kêkuciran ngacar-acar ||

20. arsa ngrata tanah Jawi | ya ta môngsa kêlakona | sêlak katiban astèngong | pêsthi bali dadi Cina | adol tangkwèh lan gula | sawênèh ana kang muwus | sikêpa ngarit ing desa ||

21. dhuh gustiku Pangran Pêkik | sampun susah ing wardaya | kula kang mêthuk jurite | santri gundhul miwah Cina | yudane kula uja | kang wadyabala gumuruh | prasami ngajak mêtu prang ||

22. mumpung ingsun iki wani | mungsuh [mung...]

--- 2 : 319 ---

[...suh] siji sèwu ingwang | yèng ngandêlna gaweningong | mikul angkring sabên dina | môngsa mundhak-mundhaka | nora bisa lungguh ingsun | lampit leyangan gêndhaga ||

23. mumpung ta ing dina iki | ana dêrajat kabuka | besuk yèn tan ana manèh | kang sawênèh ana ngucap | sun tandhinga salêksa | yèn angangkat êmbataku | nora wêdi nora uwas ||

24. yèn sira amangun jurit | pan ingsun arsa uninga | wruhanira sira kabèh | ujare lêluhur ingwang | prajurit luwih digbya | Jawa tanpa lawanipun | kang saking rama ji kuna ||

25. sun guru pratingkah jurit | matur nuwun prajuritnya | gusti kenging tan kenging gèr | paduka samput tumut prang | yèn kula maksih gêsang | Pangran Pêkik alon muwus | prasêtyamu sun tarima ||

26. winalêsa ing Hyang Widi | Ratu Wandhan malih nabda | mring prajurit sêdayane | kabèh padha singidana | besuk têmpuhing yuda | yèn muni têngaraningsun | bêdhil muni kaping sapta ||

27. sagunge prajurit mami | nuli nêmpuha ing yuda | ngantêpa ing prang rêrêmpon | Ratu Wandhan sigra budhal | ginrêbêg wadyanira | rada têbah lampahipun | dèn undhangi wadyanira ||

28. Ratu Wandhan sikêpnèki | sêdaya wus sami prapta | pinaring busana kabèh | pangangge kang murub muncar | lir prajurit sinawang | kabèh sikêp Surèngkewuh | kulambi sangkêlat [sang...]

--- 2 : 320 ---

[...kêlat] abang ||

29. ana ijo wungu kuning | klambi sora-sari ana | prasami trênggos kuluke | sinondheran sutra pita | ngajrihi tiningalan | Ratu Wandhan siyaga wus | sêksana anulya budhal ||

30. tan pisah kakangirèki | Pangran Pêkik Surabaya | wadya lit lir grah swarane | jêng sunan ing Giripura | sampun miyos ngayuda | sikêping priprang Surèngkèwuh | umangsah jingga nononamnonoman ||

67. Durma

1. datan nganti parentahe gustinira | lajêng pating barêkik | suraknya lir gêrah | wadya ing Surabaya | malatar dènira baris | jêng sunan myarsa | anulya inggal mijil ||

2. akalihan ingkang putra Endrasena | sampun angagêm bêdhil | wadya Surabaya | singa binêdhil kêna | nanging wadya Surawèsthi | tyasnya bêk sura | tan sêdya mundur jurit ||

3. pan rumôngsa kabotan sihing gustinya | anêdya malês bêcik | sami ting galidrah | sikêping Surabaya | kang ngamuk saya mangukih | têmpuh kang yuda | kadi ombak jêladri ||

4. sampun rukêt kang aprang tumbak-tinumbak | sawênèh gênti kêris | apêdhang-pinêdhang | ana gandhengan asta | ana kang bithi-binithi | Sang Endrasena | angamuk mobat-mabit ||

5. saya nêngah pangamuke Endrasena | lir pendah banthèng kanin | lir

--- 2 : 321 ---

buta don boga | singa katrajang bubar | wadya Surabaya miris | bubar lumajar | barisira angisis ||

6. Ratu Wadhan tumingal wadyanya rusak | sêmana anudingi | mring wadya simpênan | kinèn mêtu sêdaya | bêdhil sampun dèn sulêdi | muni ping sapta | prajurit mangsah jurit ||

7. dipun lambung wong Giri saking ngiringan | nanging datan udani | bubar ting sulayah | pêpati ting jalêmpah | wong Giri lumayu giris | putra ing Cina | kinêmbulan ing jurit ||

8. Endrasena angamuk lan wadya Cina | tandange gêgilani | nanging katadhahan | pangamuke wong Cina | tinumbakan akèh mati | pating sulayah | wangkene tumpang tindhih ||

9. gègèr mawur kang urip prasami giras | arsa angamuk wêdi | sêksana lumajar | sami angungsi arga | ingkang kari sami kanin | kang urip bubar | sêdaya sami ngungsi ||

10. ana ingkang angungsi raja pandhita | sawênèh ngrêbut rabi | wênèh ngungsi jurang | mlayu pinggir sêgara | ing Giri wus dèn ubêngi | barise kapang | pan sampun dèn idêri ||

11. ya ta wau Pangeran Pêkik lan garwa | minggah dhatêng ing Giri | lan sawadyanira | prajurit anèng ngarsa | pinapag anèng ing margaGuru lagu seharusnya: 8i, pinapag anèng ing margi | dening wanodya | garwane Sunan Giri ||

12. sami nangis garwane raja pandhita | sêdaya angabêkti | dhuh karsa punapa | anggèr nuwun kawula | apuntênipun [apuntênipu...]

--- 2 : 322 ---

[...n] sang yogi | lêhêng gêsanga | kinaryaa pêkathik ||

13. Pangran Pêkik alon dènnya angandika | hèh wruhanira sami | sun tan sêdya paran | yèn kêna sang pandhita | mulane sun têka iki | arsa panggiha | iya lawan sang yogi ||

14. sêdyaningsun ni mantu mring lakinira | nora ingsun patèni | yèn kêna elinga | nungkula mring Mêntaram | ngaturêna pati urip | sun ora nyana | kêlamun mapag jurit ||

15. salawase yèn gugu pitutur ingwang | têkaa ngarsa mami | aja salah cipta | lah mara timbalana | lan aja anggawa kêris | payo dèn inggal | têkaa ngarsa mami ||

16 para garwa sami nimbali sêdaya | umarêk marang laki | prasami anêmbah | gusti atur kawula | andika dipun timbali | dhatêng Pangeran | Pêkik ing Surawèsthi ||

17. pan agêpah ature raja pandhita | sêksana dandan aglis | tan mawi curiga | sampun prapta ing ngarsa | sang pandhita atur bêkti | dhatêng pangeran | sang tapa langkung ajrih ||

18. angandika pangeran ing Surabaya | hèh pandhita sirèki | paran karêpira | sirèku ingsun gawa | marang Surabaya mangkin | sira ngidhêpa | marang Sultan Mêntawis ||

19. sang pandhita ing Giri alon turira | datan lênggana gusti | sampun karsaning Hyang | wirayat kina-kina | ing tanah Jawi puniki | tan kenging gethang | karèh dhatêng Mêntawis ||

20. jêng

--- 2 : 323 ---

pangeran lakunglangkung angrês kang wardaya | marang mantu ningali | alon angandika | aja maras tyasira | ngong gawa marang Mêntawis | seba jêng sultan | Sunan Giri turnèki ||

21. gih sandika ulun mituhu sakarsa | inggih dhatêng nglampahi | pangeran ngandika | mring wadya Surabaya | padha jaganana sami | wadya sêdaya | umatur marang gusti ||

22. yèn suwawi sang pandhita pinêjahan | milanya têmah jurit | abdi kathah pêjah | inggih saking punika | ingsun ora dèn idèni | amatènana | dudu bubuhan mami ||

23. iya besuk lamun lair putuningwang | kang numpês uwong Giri | wis sira tandhua | sêmana sang pandhita | tinandhu sagarwanèki | ginawa marang | nêgara ing Mêntawis ||

24. uwong wadon sampun binoyongan samya | siji tan ana kari | miwah rajabrana | Pangran Pêkik gya budhal | cêndhaking carita prapti | nèng Surabaya | mung nginêp gangsal ratri ||

25. lajêng budhal dhatêng nêgari Mêntaram | sang pandhita tan kari | tan kawarnèng marga | prapta nêgri Mêntaram | anulya sowan sarimbit | malêbèng pura | kang raka kandhêg kori ||

26. Ratu Wandhan sampun prapta ngarsa nata | manguswa pada aji | sang nata ngandika | lah êndi lakinira | kang rayi matur wotsari | ing brajanala | sultan ngandikèng cèthi ||

27. timbalana praptaa ing ngarsaningwang | mbok inya angabêkti | sigra amit [ami...]

--- 2 : 324 ---

[...t] mentar | tan dangu praptanira | ing ngarsane Pangran Pêkik | nèng brajanalan | bok cèthi angabêkti ||

28. nulya matur bok cèthi mring jêng pangeran | gusti kula tinuding | paduka ngandikan | gya budhal nulya prapta | sumungkêm pada sang aji | wus kinèn lênggah | nêmbah umatur aris ||

29. ulun sampun nglampahi sabda narendra | ambêdhah dhatêng Giri | mangke sampun bêdhah | sang pandhita kabêkta | sumôngga karsa sang aji | sagarwanira | rajabrana tan kari ||

30 sri narendra alon dènira ngandika | bangêt tarima mami | saking karyanira | mêngko ta sang pandhita | sun paringakên sirèki | isining Arga | nuwun Jêng Pangran Pêkik ||

31. garwanira yayi sun paringi iya | kaputrèn busana di | wis yayi muliha | marang ing dalêmira | sarimbit nêmbah wotsari | lèngsèr umentar | nèng jawi ngêthèk putih ||

Taksih wontên candhakipun malih, kapacak ôngka 3, ingkang ngaturi babonipun, wadana ondêrsêtan ing Magêtan, Radèn Panji Jayasubrata.