Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 207–224)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 001–012). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 013–030). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 031–043). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, No. 1, Van Dorp, 1923, #1083 (Pupuh 044–052). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 053–069). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
6. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 070–086). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
7. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 087–103). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
8. Babad Tanah Jawi, No. 2, Van Dorp, 1917, #1083 (Pupuh 104–120). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
9. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 121–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
10. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 138–153). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
11. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 154–172). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
12. Babad Tanah Jawi, No. 3, Van Dorp, 1925, #1083 (Pupuh 173–189). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
13. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 190–206). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
14. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 207–224). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
15. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 225–241). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
16. Babad Tanah Jawi, No. 4, Van Dorp, c. 1925, #1083 (Pupuh 242–258). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 02-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

207. Asmaradana

1. duk prawan binadhe mami | bocah iki pêthèkira | katêmu bêcik ukure | pasthi kanggo lakinira | bêngkêng bêbokongira | bêdining kiyêng tur bêngkung | wadidange dawa timbang ||

2. dawa nyangkal wadung yêkti | pasthi yèn dadi rêbutan | dening wong tăngga desane | măncapat amăncalima | angêbun-êbun enjang | tan ana kapadhan kayun | bagus amung pamanira ||

3. pasthi dadi jodho mami | wau ta ing lampahira | tan antara dangu katon | desa Padhas manjing sigra | rare ngucul wancinya | sapraptaning wismanipun | pinrênahakên ing langgar ||

4. sang pindha cucul kulambi | Biyang Cumbring awas mulat | sinawang sêsikutane | srirane kang mindha sudra | kacaryan myat bagusnya | lan wênêse cahyanipun | kaduk manis tur jatmika ||

5. solahira Biyang Cumbring | lir pendah wong kênang guna | raga-raga tênagane | ngambil bokor karya wadhah | kuwèni lan ladingnya | tumumpang [tumu...]

--- 4: 88 ---

[...mpang] nèng ruhuripun | Biyang Cumbring alon ngucap ||

6. suwawi ki bagus santri | kuwèni andika dhahar | jêng pangran ngecani tyase | ya ta Byang Cumbring anulya | mring kali lanthang-lanthang | bêkta bêras lawan têmu | kang kinarya luhurira ||

7. sangêt dènnya angolahi | Byang Cumbring mring awakira | rumasane dhêdhayohe | iya nora ngoncatana | wau ta jêng pangeran | mentar saking Padhas dhusun | wus angambah ing jajahan ||

8. tanah nagari Matawis | saksana kangjêng pangeran | anjujug ing Pasar Gêdhe | sigêg tindaknya jêng pangran | Biyang Cumbring winarna | nèng kali awak linulur | alathi anyêmêng waja ||

9. gêlung malang-mêlêng klimis | kinubêng ing kêmbang rong wang | lêlamatan pupurane | prêkis nyêngkrap alisira | pinilih rada-rada | sêkar sêmak kêmbênipun | kinurung sinêmukiran ||

10. mênthêng-mênthêng amathinthing | sinjangira mênyan kobar | tinutuh dening gandane | angidid arum angambar | kapêthuk kancanira | nênggih ingkang samya bakul | asru dènnya atêtanya ||

11. mendro têmên sira iki | janur gunung dingarenan | siyaga kaya pangantèn | mêlok mèndèr awiraga | kaplèndèr nuli tiba | gumabrug ana kang nubruk | ana angêbroki suwak ||

12. bêkuk kutuk bêkuk Byang Bring | Biyang Cumbring ririh mojar | ngarah-arah pangucape | bok ayu aja kajarwa | gawe gêdhe têmênan | tan kêna

--- 4: 89 ---

singa wong ngrungu | iki wadi têmênanan ||

13. lagu anya[1] salin gêndhing | gêndhinge pandhadhapira | pandhadhape kondhang dhewe | pêdhês dhewe răndha Padhas | kèwèk ngrêriwuk janma | dhuwêl santri dikêp kuwuk | ciptane arsa marwasa ||

14. marang ingkang mindha santri | tan wrin badannya priyăngga | lir taksaka upamane | arsa anaut garudha | sapraptanirèng wisma | ngungak masjid nganguk-anguk | sinawang suwung kewala ||

15. langgare sêpi amamring | Ni Cumbring atêbah jaja | lêngêr-lêngêr dhêlog-dhêlog | mungur-mungur rainira | anyungir maring tawang | lêgêg mangu pungun-pungun | mapungun-pungun kelangan ||

16. lênglêng alêngan kalingling | linglung kadi kalanglangan | Biyang Cumbring subrangtane | galoyoran malbu ngomah | anjujug ing sênthongan | nibèng kasur lajêng gêlut | gêgulinge sinungkêman ||

17. tan ana kacipta malih | mung dhayoh santri kang kesah | kang cumanthèl ing panone | iya talah awak ingwang | dene katiban bêgja | mung daulate kang suwung | dhuh ki santri ingkang lunga ||

18. apa tan trêsna ing mami | dene lunga tan pamitan | nèng marga sapa rowange | kunêng Ni Cumbring kang brăngta | kawarnaa jêng pangran | byar enjing lumampah ngidul | ngilèn kang sinêdyèng driya ||

19. ing Pasar Gêdhe sang pêkik | amanêkung karsanira | ywa nganti kawruhan ing wong | pangeran aris lumampah | wus dalu wayahira | lampahe [la...]

--- 4: 90 ---

[...mpahe] sang kawlasayun | praptèng don ingkang sinêdya ||

20. ing Pêkên Agêng wus prapti | anjujug waringin kêmbar | nèng ngisor waringin sèndhèn | manêkung nêdha Hyang Suksma | minta mulyaning praja | sampun wanci bêdhug têlu | malbèng masjid karsa salat ||

21. awor lawan santri-santri | amojok panggonanira | sakèh santri tan ana wroh | lamun iku gustinira | anèng masjid asalat | pêpakuning rat Jawèku | tan kawarna solahira ||

22. wusnya bakda salat sami | kang para santri sadaya | lajêng samya bubar mulèh | kang mindha santri samana | maladi sêmèdinya | kang păncadriya rinacut | wanaku sagung jajahan ||

23. tan ana kawula gusti | tan adangu katingalan | pasihanira Hyang Manon | apan warni tompo pitrih |[2] anèng ngarsanira sang | saksana tompo sinambut | jêng pangeran nulya mêdal ||

24. sarwi nyangking tomponèki | samana dhus[3] bangun enjang | jêng pangran laju lampahe | anjujug marang ing pasar | wong nêmpurkên tinanyan | bibi pintên rêginipun | satompo bêras andika ||

25. kang tinanya anauri | satompone wolung uwang | jêng pangran lon andikane | bibi dene têka larang | nauri ka liningan | napa ta dika tan ngrungu | yèn Gusti Pangran Dipatya ||

26. lan kang raka wawan jurit | lawas dènnya păncabakah | sadina-dina prang rame | wong cilik [cili...]

--- 4: 91 ---

[...k] eyang-eyungan | tan pijêr asêsawah | milane samangkenipun | têmahan alarang pangan ||

27. punika sababe kaki | lamun andika tan pirsa | jêng pangran alon dêlinge | lah bibi kula anganyang | bok ênggih tiga suwang | ngangge tompo kula niku | kang darbe uwos anyêntak ||

28. sarwi netrane macicil | hèh iki apa andadak | bêras suwang têlung tompo | baya ta wus ngadatira | santri kura[4] dêduga | tompone sapitrah wutuh | dadak nganyang têlu suwang ||

29. tompone gêdhe ngluwihi | mendah baya dènnya nadhah | ki santri kaliwat cekoh | kawarêgên galimpangan | Pangran Pugêr ngandika | êmpun rêgine puniku | bibi tigang pitrah suwang ||

30. kang sade bêras sru angling | lah dika nêmpura liyan | janji napa nganti olèh | bêras larange tan jamak | dadak sawiyah-wiyah | panganyange suwang têlu | mubênga nganti sadina ||

31. masa gèk bisaa olih | pangran kèndêl tan ngandika | sigra mentar saking ing don | lumampah mring pasar-pasar | karya rêgining bêras | suwang ing tri tomponipun | kang tompo kinanthi ngasta ||

208. Kinanthi

1. kathah wong kang sami ngrawus | tinarka santri dalêming | labête kakehan donga | kabotan ing donga sèpi | saparan dèn sêntak-sêntak | tan kawarna laminèki ||

2. jangkêp kawan dasa dalu [da...]

--- 4: 92 ---

[...lu] | katrima panuwunnèki | bêras pari lajêng murah | eca manahe wadya lit | miwah nagri Kartasura | sampun murah kang rêjêki ||

3. gêmah kang nagri atulus | murah sandhang lawan bukti | sigra kondur jêng pangeran | tumamèng ngarsa nrêpati | wus panggih sri naranata | kang rayi rinangkul aglis ||

4. ki dipati ariningsun | tinarima ing Hyang Widi | samêngko wus sarwa murah | labêt lakunira yayi | kang rayi matur anêmbah | kawula darmi nglampahi ||

5. langkung krustha[5] sang aprabu | myarsa ature kang rayi | jêng pangran pamit umêdal | sigra lèngsèr sing ngarsa ji | sampun prapta ing dalêmnya | panggih ing garwa myang siwi ||

6. tan kawarna solahipun | wusira ngalami-lami | sang nata aparing sêrat | dhumatêng kumêndur nênggih | Sêlut Driyansah Japara | amundhut bantu Kumpêni ||

7. ingkang ingutus sang prabu | maringkên punang kintèki | Tumênggung Sêcanagara | ing Japara kang bupati | lampahira sampun panggya | lan kumêndur anèng loji ||

8. tabean tata alungguh | sêrat pinaringkên nuli | binuka sinukmèng driya | pamaose punang tulis | titi alon angandika | ki tumênggung sêrat niki ||

9. sang nata amundhut bantu | ing wadyabala Kumpêni | sri narendra wadyanira | kang sampun lumampah jurit | bêdhah nagri Pasuruan | aprang lawan Surapati ||

10. awêgah tumangguh ripu | mila kajêng [ka...]

--- 4: 93 ---

[...jêng] kula kyai | andika angantosana | wontên ing Japara ngriki | kula angaturi pirsa | dhumatêng nagri Batawi ||

11. inggih kula nyuwun bantu | kang dados karsa sang aji | Kumêndur Sêlut utusan | sarwi ambêkta kintèki | katur ing gurnadur jendral | kang ngwasani ing Batawi ||

12. tan winarna anèng ênu | wus prapta nagri Batawi | kang sêrat wus tinampanan | mring gurnadur ing Batawi | binuka sinukmèng driya | kaèsthi surasèng tulis ||

13. lajêng animbali gupuh | sagunging kang pra ratpêni | nawala sinungkên sigra | manukmèng srat gênti-gênti | gurnadur mayor pinatah | Burham pêparabirèki ||

14. kang dadya tindhihing laku | sakawan kapitannèki | pan wêwolu litnanira | wolung atus kang Kumpêni | tindhihira Mayor Burham | prawira digdaya sêkti ||

15. budhal lampahira rawuh | Japara kumêndur nuli | amêthuk anèng muara | mudhun saking palwa aglis | lan sawadyabalanira | lajêng binêkta mring loji ||

16. pinrênah saha sinuguh | nèng Japara tigang ari | mayor alon têmbungira | dhumatêng kumêndur nênggih | kumêndur laku manira | angêmban timbalannèki ||

17. gurnadur jendral pan ingsun | kinèn amukul ing jurit | mring nagari Pasuruan | anyêkêl Si Surapati | awit karsane sang nata | sabab kangjêng sri bupati ||

18. kawalahên ing prangipun | amungsuh Si Surapati | de ingsun nulya [nu...]

--- 4: 94 ---

[...lya] umangkat | mring Pasuruan lumaris | kumêndur alon saurnya | yèn sira arsa lumaris ||

19. carakanira sang prabu | winawaha pisan iki | mayor amangsuli ujar | lah iya mangkono bêcik | milua tunggal sapalwa | aja pisah lawan mami ||

20. Ki Sêcanagara wau | ingaturan maring loji | kapanggih lan Mayor Burham | lajêng têtabean aglis | sawusira tata lênggah | winartan rèhing prakawis ||

21. saksana budhalan sampun | saking Japara lumaris | tan kawarna anèng marga | muara Madura prapti | gulung layar labuh jakar[6] | kang palwa prasami minggir ||

22. samana wau winuwus | Cakraningrat Sang Dipati | putrane jalu tinilar | nèng praja Dêmang Pasisir | pinatah têngga nagara | samana wau miyarsi ||

23. yèn wontên Kumpêni rawuh | palwane labuh jaladri | mangkana Rahadèn Dêmang | amapag dhatêng pasisir | kapanggih lan Mayor Burham | anulya dipun aturi ||

24. mêntas saha wadyanipun | sagunging para Kumpêni | saksana prasami mêntas | praptanira dharat sami | pinanah ingkang pondhokan | sinuba-suba angênting ||

25. sadaya Kumpêni tuwuk | saklangkung kurmatirèki | anênggih Rahadèn Dêmang | dhumatêng wadya Kumpêni | nèng Madura tigang dina | Mayor Burham angling aris ||

26. dhatêng Radèn Dêmang wau | sudara sangêt ngurmati | palimirma dhatêng kula | tanapi wadya Kumpêni | sangêt [sa...]

--- 4: 95 ---

[...ngêt] ngrima kasih kula | de lampah kula puniki ||

27. ingutus tuwan gurnadur | kinèn bantu ing ajurit | dhumatêng ing Pasuruan | anyêpêng pun Surapati | wit karsane sri narendra | Rahadèn Dêmang Pasisir ||

28. alon dènira amuwus | kalamun kadya puniki | sudara kula tut wuntat | kula inggih nêdya tuwi | dhumatêng ing kangjêng rama | sabab inggih sampun lami ||

29. dènnya tugur wus sawindu | anèng Pasuruan baris | wit dhawuhnya sri narendra | andikakkên mrêp ing jurit | Mayor Burham amiyarsa | kalangkung sukaning galih ||

30. sarya lon dènira muwus | punika langkung prayogi | andika sarêng lan kula | suwawi budhal tumuli | Radèn Dêmang lajêng prentah | dhatêng wadyabala ngrakit ||

31. ngrakit gêgaman prang pupuh | sawusnya samêktèng baris | lajêng bidhal nitih palwa | mudhun anèng Surawèsthi | anulya lumampah dharat | tan mundur samargi-margi ||

209. Durma

1. wong Madura ingkang lumampah ing ngarsa | Kumpêni munggèng wuri | tanah Pasuruan | ingkang sinêdyèng lampah | wong Madura bêdhah margi | mangkya kawarna | Cakraningrat Dipati ||

2. akalihan Ki Adipati Jangrana | lami dènira jurit | sami bêbêdhilan | kèndêl yèn sêrap surya | enjingira aprang malih | tan na kang pêjah | wit bêdhil tanpa mimis ||

3. lamun dalu Tumênggung Wiranagara | mring wadyanira nilib | sowan pasanggrahan [pa...]

--- 4: 96 ---

[...sanggrahan] | Dipati Cakraningrat | sami arêmbag prakawis | yèn bangun enjang | mantuk kithanirèki ||

4. ing Pasruan kalawan ing sabên măngsa | garêbêg ari adi | Ki Wiranalara[7] | ngaturkên upêktinya | barang wêdaling nagari | konjuk sang nata | duk samana Dipati ||

5. Cakraningrat mundur têbih saking kitha | myang wadya Surawèsthi | ngasokakên wadya | ya ta Wiranagara | samana sampun akardi | wadya pacalang | jagi ing margi-margi ||

6. lamun wontên wadya Kumpêni kang prapta | sangêt angati-ati | ya ta kawuwusa | Mayor Burham lampahnya | lan Radèn Dêmang Pasisir | wus samya prapta | ing Pasuruan nagri ||

7. pan alèrèn ngasokakên wadyanira | ya ta ingkang winarni | Ki Wiranagara | sampun ngaturan wikan | yèn wadya Kumpêni prapti | dupi miyarsa | aturira ing dasih ||

8. sakalangkung sukanira ing wardaya | wus lami ngarsi-arsi | anulya parentah | dhumatêng wadyabala | aja na anganggo bêdhil | têmpuhing yuda | mung tumbak lawan kêris ||

9. lawan besuk iya gêlare ing yuda | aja kumpulan sami | mantri ro tindhihnya | lan sèkêt wadyanira | dadi ingkang mantri siji | slawe wadyanya | dêlêngên yèn Kumpêni ||

10. prajurite pinêcah pinăntha-păntha | dalêm sapanthanèki | pinêthukna lawan | salawe wadyaningwang | iya ingkang anadhahi | pat atus iya |

--- 4: 97 ---

ingkang mangsaha dhingin ||

11. patang atus kang ambantu lamun sayah | ya ta sami pinilih | mantri gêgangsingan | kathahe wolung dasa | kang tinanggênah nindhihi | pangarsanira | Kyai Êbun Jaladri ||

12. Bun Jaladri Bun Samodra Bun Sagara | lawan Bun Jalanidi | Bun Laut-lautan | Kyai Êbun Muara | Bajopati Jalapati | Bajokinêncang | Bajobarang nisihi ||

13. Lêmbu Singa Singadara Singasura | Lêmbu Giyêng Bu Srênggi | Ki Lêmbu Buwana | Lêmbu Las Lêmbu Wana | lawan Lêmbu Kalasrênggi | Ki Lêmbu Godrag | lan Lêmbu Thona-thani ||

14. Lêmbu Gêdrug Dêmang Gêmpung Lêmbasinga | Singabarong nisihi | panatas ranangga | sakawan pangarsanya | Ngabèi Lor anindhihi | wadya kathahnya | kalih atus ngabèi ||

15. kalih atus wadya têtidhih ngayuda | Ngabèi Wetan nênggih | kalih atus wadya | Ngabèi Kulon samya | kalih atus wadyanèki | sampun sanega | budhal Ki Surapati ||

16. lampahira anglela mungguhing ngarsa | wadyanira prasami | langkung ngangah-angah | kaya ge têmpuhèng prang | tan dangu wadya Kumpêni | sampun katingal | dlêdêg lir toya mili ||

17. Surapati lajêng nata balanira | sampun kinait-kait | sarêng panêmpuhnya | wadya Kumpêni miyat | Surapati amiyosi | sawadyanira | Mayor Burham nulya glis ||

18. angabani Kumpêni baris satata | satus sradhadhu kanthi | litnannya [litna...]

--- 4: 98 ---

[...nnya] satunggal | rongatus kanthinira | litnan kalih kaptin siji | baris pinêcah | satus sapanthanèki ||

19. Mayor Burham saksana ngabani yuda | parentah bêdhil muni | Surapati panggah | sawadya dèrèng mangsah | maksih eca pacak baris | ngantya wus pêrak | bêdhil tan pêgat muni ||

20. pêtêng dhêdhêt limêngan têngah payudan | ya ta Ki Surapati | sarêng dènnya mangsah | sawadyabalanira | kadya banthèng tawan kanin | tan kêna bênggang | lawan wadya Kumpêni ||

21. karepotan Kumpêni riwut tandangnya | bêdhil tan bisa muni | mung pêdhang lan tumbak | mungsuh popor sanjata | sawênèh bithi-binithi | wong Pasuruan | yudanira mangukih ||

22. Mayor Burham kapranggulan Surapatya | ayuda padha siji | Mayor Burham sigra | anyandhak kêstulira | dèn kêstul Ki Surapati | datan tumama | lajêng pêdhang tinarik ||

23. dyan sinabêt ing pêdhang Ki Surapatya | wanti-wanti tan busik | ya ta Surapatya | sigra malês anumbak | tinangkis ing pêdhang titis | watang kasingsal | lajêng binuwang siti ||

24. dyan anarik curiga Ki Surapatya | jinangkah mungsuhnèki | kalamênjing tatas | niba lajêng palastra | kaptin sarêng aningali | mayore pêjah | riwut ngangsahkên dasih ||

25. Surapati angabani wadyanira | angrukêt ing ajurit | wadya Pasuruan | yudanira tan bênggang | mêdhang numbak nyuduk sami | singa sinêrang | tan mindho angêmasi [angêma...]

--- 4: 99 ---

[...si] ||

26. sampun dhadhal Kumpêni ing yudanira | mayor kaptine mati | litnanira pêjah | sradhadhu têtumpêsan | mung kawan wêlas kang urip | lajêng lumajar | mring wana ngungsi urip ||

27. Radèn Dêmang Pasisir awas tumingal | wadya Kumpêni gusis | sakalangkung duka | lajêng anarik pêdhang | sarta angabani dasih | mangsah ing rana | wong Pasruan kèh mati ||

28. Radèn Dêmang sawadya angamuk rampak | tan uninga ing wadi | wit dèrèng winartan | dhumatêng ingkang rama | Wiranagara ningali | wadya kèh pêjah | margi dipun amuki ||

29. dening wadya Madura Wiranagara | sangêt kagètirèki | ya ta sangêt duka | asru pangucapira | hèh bocah payo dèn aglis | wong ing Madura | ngajak têmênan jurit ||

30. apa saking durung sumurup kewala | apa jinarag iki | anglirake wêkas | payo padha malêsa | aja na angrasa wêdi | wadya Pasruan | datan anolih wuri ||

210. Pangkur

1. lajêng sami ngamuk rampak | wadyabala Madura anadhahi | langkung ramening prang pupuh | wong Madura kèh pêjah | Radèn Dêmang Pasisir ing yuda pangguh | lan Bun Jaladri tinumbak | tatas lambungira nênggih ||

2. Radèn Dêmang nulya lênggah | ngèsthi tingal ing tingal kang sajati | nadyan radèn maksih timur | wus awas sangkan paran | datan samar margane ingkang dinunung | jumbuh ing paningalira | cumêkik sampun ngêmasi ||

3. yèn janma luhung

--- 4: 100 ---

patinya | apan mati sayêktine tan mati | mung ngalih panggonanipun | pae janma urakan | lamun mati punika patine bingung | awor mêmêdi alasan | pakaryane anyolongi ||

4. marang ing uwong dodolan | ya ta êmbanira kalih nulungi | Ki Jangpati Jayèngkewuh | lan Bun Jaladri panggya | êmban kalih tinumbak wus samya lampus | jisim wor lan gustinira | wadya Madura ningali ||

5. kalamun gustine pêjah | sarêng ambyuk umangsah ing ajurit | sadaya sumêdya lampus | nêdya tumpês ngayuda | kawarnaa wontên kaponakanipun | ing Pangeran Cakraningrat | lan Trunajaya kang rayi ||

6. nama Dyan Trunadilaga | langkung wantêr sarêng wau ningali | Dyan Dêmang Pasisir lampus | lajêng ngamuk sawadya | wadyabala Pasuruan kathah lampus | Rahadèn Trunadilaga | pinasêr lan wisa mandi ||

7. dening wadya Pasuruan | kenging kempolira ludira mijil | kantaka nèng siti ambruk | nulya wontên santana | Radèn Durgajaya nênggih wastanipun | kalih Panji Wanèngtaka | tiga Panji Wanèngsari ||

8. lan Panji Dipanagara | priyayi pat lajêng angamuk wani | sarêng manrajang ing mungsuh | wong Pasruan kèh pêjah | Radèn Durgajaya kagyat sarêng dulu | yèn Radèn Trunadilaga | kantaka gumuling siti ||

9. labêt kenging pasêr upas | ya ta wau enggal dipun purugi | sigra sinepak ing suku | asru pangucapira | adhi Trunadilaga [Trunadila...]

--- 4: 101 ---

[...ga] dene sirèku | apêrang karo wong rucah | dadak turu anèng siti ||

10. lir dudu trah Brawijaya | ratuning wong Narendra Majapait | tangia payo angamuk | Radèn Trunadilaga | gya janggirat kagèt saksana alungguh | tatune waras sakala | sarwi sru dènira angling ||

11. hèh ta kakang Durgajaya | payo padha angamuk ing ajurit | Radèn Durgajaya muwus | hèh adhi awakira | lêrêmêna orane yèn ingsun mundur | sarta ingsun sêksènana | yèn tan bêdhah dina iki ||

12. nagara ing Pasuruan | pasthi lamun sun pagas gulu mami | Radèn Durgajaya wau | lan Dyan Trunadilaga | lajêng ngamuk mangsah lan sabalanipun | gumulung mangrurah mêngsah | wong Pasuruan kèh mati ||

13. awit karoban ing lawan | Ki Tumênggung Wiranagara nuli | sawadyanira lumayu | malêbu pabitingan | tutup lawang wadya ing Madura anglud | bitinge arsa rinangsang | Radèn Trunadilagèki ||

14. asru dènnya asêsumbar | nênggih wontên sajawining kang biting | hèh budhak Kumpêni iku | mêtua payo aprang | aja nginêb lawang lawan wêdi ngaku | nututa payo ngong bănda | ing kene ingsun talèni ||

15. anulya wontên utusan | saking Pangran Cakraningrat nusuli | anênggih ingkang ingutus | Dyan Panji Dipapraja | bêkta wadya praptaning payudan wau | eram dènira tumingal | tilas ramening ajurit [a...]

--- 4: 102 ---

[...jurit] ||

16. enggal dènira lumampah | amurugi Trunadilaga panggih | lan Durgajaya puniku | radèn kalih gya tanya | kakang Dipapraja apa ta têtulung | belani Rahadèn Dêmang | Pasisir kang wus ngêmasi ||

17. tuwin sanak-sanakira | ingkang padha mati têngah ajurit | mulane prasêtya ingsun | yèn tan bisa ambêdhah | Pasuruan dina iki guluningsun | ingsun pagas dhewe kakang | sabab bangêt wirang mami ||

18. Radèn Panji Dipapraja | duk miyarsa sangêt pangungunnèki | wasana alon amuwus | hèh adhi Durgajaya | lawan Trunadilaga sakaronipun | paran ta ing polahira | sira prang sapa ngidini ||

19. lawan manèh Radèn Dêmang | kongsi seda anèng têngahing jurit | apa ta sira tan wêruh | yèn prang iki gorohan | Radèn Durgajaya sru panyêntakipun | ah ana wong prang gorohan | rak lagi kandhamu iki ||

20. ayo padha ngamuk yuda | bètèng iki ya padha dèn unggahi | ya ta ingabanan wau | wadyabala Madura | ngrangsang bètèng Panji Dipapraja gupuh | angêjèpi wadyanira | kinèn anyikêp tumuli ||

21. nênggih Radèn Durgajaya | Panji Dipapraja wacana aris | adhi mas ingsun atutur | marang ing jênêngira | wong apêrang kudwolèh idining ratu | yèn mênang ana kang nrima | pirabara lamun olih ||

22. ganjarane sri narendra | sira pêrang [pê...]

--- 4: 103 ---

[...rang] sapa ingkang ngidini | yèn bêdhah Pasruan iku | sira mungsuh sang nata | lamun mati sirèku tulus mrêkungkung | sarèhna adhi tyasira | ywa sira kaburu runtik ||

23. lire adhi wong apêrang | ing nalare kudu pinikir dhingin | nora kêna salang surup | tan angèl wong apêrang | nora angèl yayi wong suduk-sinuduk | gampang wong lantaran tumbak | nalare pikirên dhingin ||

24. iki nagri Pasuruan | sêngkêrane jêng gusti sri bupati | yèn sira angrusak iku | sasat ngrusak sang nata | lah ta yayi payo bêcik padha mundur | angaturi pirsa marang | ing rama sang adipati ||

25. sêdhêng sira karya tilas | wong prawira mungguh labêting jurit | Durgajaya sarêng ngrungu | ujarnya Dipapraja | lir linolos rasane ingkang bêbalung | sarirane lêsu lupa | nulya budhal mundur aglis ||

26. sapraptaning pasanggrahan | ing ngarsane Cakraningrat Dipati | Dyan Panji Dipaprajèku | lajêng nungkêmi pada | Jêng Pangeran Cakraningrat sarwi muwun | aturira pêgat-pêgat | kula ngaturi udani ||

27. putra dalêm Radèn Dêmang | Dyan Pasisir kasambut ing ajurit | tyang Madura kathah lampus | dening tyang Pasuruan | mêngsah lajêng sadaya sami lumayu | malêbêt ing pabitingan | yèn sampuna kula prapti ||

28. Pasuruan kados bêdhah | tan wun klingkab wadinipun sang adi | wit saking prasêtyanipun | inggih pun Durgajaya [Durga...]

--- 4: 104 ---

[...jaya] | yèn tan bêdhah Pasuruan bètèngipun | ing dintên punika pagas | kathah ture Radèn Panji ||

29. Dipapraja mring Pangeran | Cakraningrat samana duk miyarsi | kalangkung dènira ngungun | alon dènnya ngandika | Dipapraja uwis pasthine Hyang Agung | Dêmang Pasisir patinya | lokhil mahful wus tinulis ||

30. marga bangêt bodhonira | atanapi Si Durgajaya iki | cangkême acêblang-cêblung | gampang mêtokkên ujar | lêlarangan yèn iku ta ngadatipun | têdhake Sri Brawijaya | sri nata ing Majapait ||

211. Sinom

1. nora kêna balènana | calathu kang wus kawijil | pasthi nuli linakonan | Radèn Durgajaya myarsi | enggal anyandhak sêking | janggane pinagas gupuh | nanging bêsèr kewala | pasahe namung sakêdhik | rahnya mêdal gih punika pagas sarat ||

2. ing basa kang wus kawêdal | amrih sampun balenjani | kasaru wontên caraka | ingkang saking Surapati | sarwi ambêkta tulis | nawala pan sampun katur | dhumatêng Cakraningrat | binuka sinukmèng galih | wus kadriya têmbunge ingkang nawala ||

3. langkung angrês kang wardaya | Cakraningrat Sang Dipati | nulya winangsulan sêrat | têmbunge punang kintèki | sawusing salam mami | lire adhi layang ingsun | minta gunging aksama | patine Dhêmang[8] Pasisir | sun wus nrima jêr uwis takdiring Suksma ||

4. jalaran pan durung wikan | wadi sêngkêran [sêngkêra...]

--- 4: 105 ---

[...n] nrêpati | aja sumêlang ing driya | yayi wong padha angabdi | aja kang anak mami | sanajan ta awak ingsun | kinarsakna narendra | yayi ingkang pati urip | tan anggrantês ing siyang dalu sumăngga ||

5. wus dadya sinungkên duta | gya mentar saking ing ngarsi | sampun praptèng Pasuruan | saksana tumamèng ngasi[9] | katur suratirèki | binuka sinukmèng kalbu | ya ta Wiranagara | wusira manukmèng tulis | sakalangkung sukanira awardaya ||

6. sirna sumêlanging driya | sabab sangêt dènnya ajrih | mring Pangeran Cakraningrat | kunêng mangke kang winarni | ing Sampang Adipati | nglampahkên carakanipun | dhatêng ing Kartasura | kang sarta mawi kintèki | konjuk nata têmbunge atur uninga ||

7. Dêmang Pasisir pêjahnya | wontên samadyaning jurit | caraka sampun umêsat | Kartasura sampun prapti | jujug rêkyana patih | lajêng konjuk sang aprabu | sang nata duk nupiksa | sangêt pangunguning galih | lajêng dhawuh dhatêng Arya Sindurêja ||

8. Sindurja sira dhawuhna | mring sagung para bupati | padha awèha salawat | patine Dêmang Pasisir | iya rongatus ringgit | bupati sawijinipun | sang nata paringira | nênggih pitung atus ringgit | caraka ji wus panggih lan Cakraningrat ||

9. pakintun sampun katampan | mring Cakraningrat Dipati | kunêng ganti kawarnaa | wau kangjêng sri bupati | pinarak ing panêpin | kang putra ngandikan sampun [sa...]

--- 4: 106 ---

[...mpun] | Pangeran Adipatya | tumamèng byantara aji | ngandika lon sang nata dhuh putraningwang ||

10. manira wêca ing sira | satêmêne ingsun iki | durung tega apracaya | tinggal kraton mring sirèki | marga polahirèki | dir digsura digung rusuh | angkara siya-siya | dudu ambêking nrêpati | adoh saking labêt wong mêngku nagara ||

11. kang putra tumungkul sigra | waspanira adrês mijil | pêgat-pêgat aturira | pukulun kangjêng rama ji | mugi antuka idin | supangat dalêm kang dhawuh | ulun mangèstupada | ing karsa jêng rama aji | mugi-mugi ulun sagêd nglampahana ||

12. ing karsa sri naranata | piwulang dalêm rama ji | sang nata alon ngandika | yèn sira wus manut mami | apan ta sira kaki | uwis diwasa putrèngsun | yogya sira kramaa | olèh putranira putri | pamanira yayi mas ing kapugêran ||

13. patut iku adadia | jatukramanira kaki | ewadene bêcik sira | anontonana pribadi | mring kapugêran kaki | kang putra nêmbah umatur | sandika nulya mentar | kunêng mangke kang winarni | Pangran Pugêr apan sampun apêputra ||

14. kalih wêlas kathahira | ingkang pambajêng pawèstri | langkung endah warnanira | kadya Dèwi Rarasati | sêdhêng diwasanèki | anênggih pêparabipun | yeka Dyan Ajêng Lêmbah | Radèn Mas Sudira kalih | katiganya anama Radèn Mas [Ma...]

--- 4: 107 ---

[...s] Surya ||

15. Radèn Mas Mêsir kapatnya | Dyan Mas Papa gangsalnèki | kanêm Radèn Mas Sungkawa | Radèn Mas Săngka puniki | putra kapitunèki | nulya putra kang kawolu | nama Dyan Mas Sudama | putra kasanga winarni | wanodya di nama Dyan Ayu Ayunan ||

16. putra kang kaping sadasa | Dyan Ajêng Impun wêwangi | kang kalih putra pamungkas | maksih sami alit-alit | Pangran Pugêr winarni | nuju nèng pandhapa lungguh | ingayap para putra | kagyat wau duk umèksi | rawuhira kang putra Pangran Dipatya ||

17. sigra Radèn Mas Sudira | amêthuk ing regol sarwi | ngaturi Pangran Dipatya | laju mring pandhapa nênggih | Pangran Pugêr agipih | mêthukkên gya tata lungguh | Pangran Pugêr ngandika | kadingarèn putra mami | anindaki ing wismanira pun paman ||

18. tan nganggo sung pirsa dadya | bangêt gugupe tyas mami | Pangran Dipati turira | paman lampah kula nênggih | sing dhawah rakanta ji | kinèn dolan mriki ulun | Pangran Pugêr duk myarsa | sampun andugi ing galih | lamun ingkang putra Pangeran Dipatya ||

19. badhe nontoni putranya | nulya wau angêjèpi | mring putra Dyan Mas Sudira | Radèn Mas Sudira tampi | sasmitaning sudarmi | sigra malbèng dalêm gupuh | panggih bok ayunira | bok ayu andika tampi | dhawuhipun jêng rama kinèn ngladosna ||

20. gantèn măngka pasugata | mring kangmas Pangran Dipati | Radèn Ajêng [A...]

--- 4: 108 ---

[...jêng] Lêmbah awrat | kapêksa dhawuh sudarmi | kang ibu biyantoni | miwah para kadangipun | sami tumut mrayoga | saksana wau lumaris | nyăngga gantèn kang panci karya pasêgah ||

21. nanging tan salin busana | ambombrong mindhak rêspati | kadya Dèwi Wilutama | duk panggih lan Mintaragi | basêngut wuwuh manis | ing ngajêngan prapta sampun | nyaoskên gantènira | ngarsane Pangran Dipati | èsmu merang manêmbah anulya mentar ||

22. wangsul malbèng dalêm sigra | Pangran Dipati duk uning | mring wau Dyan Ajêng Lêmbah | kamitênggêngên sang pêkik | lathi kadya kinancing | kang netra nir kêjèpipun | sangêt dènnya kasmaran | pangudasmaraning galih | baya iku panukmaning Wilutama ||

23. wasana alon turira | mring kang paman Pangran Pati | sampun pintên warsa yuswa- | nira dhi ajêng puniki | Pangran Pugêr nauri | anggèr mung kacèk rong taun | lan sira sêpuh sira | Pangran Dipati gya pamit | sigra kondur malêbêt maring jro pura ||

24. prapta ngarsane kang rama | Pangran Dipatya wotsari | sang nata alon ngandika | paran sira wus udani | warnane rinirèki | kang putra nêmba[10] umatur | amba sampun uninga | dhi Ajê[11] Lêmbah kang warni | inggih sangêt mênggahing sênêng kawula ||

25. ing mangke ulun sumăngga | ing karsa paduka aji | sang nata malih ngandika | iya jênêngira kaki | ngong dhaupakên nuli | nanging ta

--- 4: 109 ---

wêwêkas ingsun | dèn bisa momong sira | wit bakal garwanta iki | pan kaprênah kadang nak-sanak priyăngga ||

26. prasasat sadulurira | kang putra matur wotsari | anuwun kalinggamurda | timbalan dalêm rama ji | sang nata ngandika ris | dhatêng pramèswarinipun | andikakkên sanega | sêsaosaning pangantin | pra dipati sampun sami dhinawuhan ||

27. nèng lun-alun makajangan | samana wusnya miranti | enjingira gya iningkah | wontên ing sajroning puri | sontên para bupati | sarimbit lan garwanipun | kinèn murugi samya | dhumatêng pangantèn èstri | bêkta joli dhumatêng ing kapugêran ||

28. Dyan Ajêng Lêmbah samana | nalikarsa dèn paèsi | yun mopo sang dyah tan arsa | pinêksa dening sudarmi | tuwin ibunirèki | mila Radèn Ajêng wau | dènnya arsa lênggana | sabab wus miyarsa warti | wêwatêkaning raka Pangran Dipatya ||

29. panastèn ewan nyalunthang | brancah digung drêngki jail | mila Radèn Ajêng Lêmbah | sangêt prihatos ing galih | ya ta wus sami pranti | sadaya kang samya mêthuk | saksana sang lir rêtna | tinitihakên ing joli | gya binêkta malêbêt ing dhatulaya ||

30. ingudhunkên sang lir rêtna | ing ngajêng korining puri | Jêng Ratu Mangkurat sigra | amêthuk pangantèn èstri | kinanthi astanèki | de pangantènira kakung | kinanthi de sang nata | gya

--- 4: 110 ---

pinanggihakên nuli | linajêngkên kinanthi praptèng jarambah ||

212. Kinanthi

1. pangantèn èstri lan kakung | sami linênggahkên mungging | pêpangkonira sang nata | sadangunira sang aji | mangku putra kalihira | tansah dènnya mituturi ||

2. supados atut arukun | dènira apalakrami | aywa na padha sulaya | dèn sabar maklum ing galih | ing mêngko praptèng wêkasan | ngong puji lulusa mukti ||

3. wus kathah pamulangipun | wau kangjêng sri bupati | dhumatêng putra kalihnya | saksana dhawuh sang aji | lah wis ta padha turua | sang nata gya têdhak aris ||

4. dhumatêng pandhapa agung | kasukan anginggar galih | duk praptanirèng sapasar | pangantèn ingundhuh nênggih | dhumatêng ing kapugêran | wusira antara ari ||

5. pangantèn sakalihipun | kinondurakên mring puri | tan winarna roncènira | pinugêl caritanèki | mangkya ingkang winursita | sang nata utusan nênggih ||

6. nimbali kang samya nglurug | Madura lan Surawèsthi | lawan sagung pra bupatya | măncanagari pasisir | duta nata lumaksana | sarwi amundhi kintèki ||

7. datan kawarna ing ênu | Pasuruan sampun prapti | gya maringakên nawala | mring Cakraningrat Dipati | tinampan lajêng binuka | sinukma ungêling tulis ||

8. pèngêt iki layang ingsun | jênêng para sun timbali | maring praja Kartasura | Si Jangrana aja kari [ka...]

--- 4: 111 ---

[...ri] | pasisir măncanagara | kabèh aja na kang kari ||

9. dene ta angkatirèku | katona kalah ing jurit | lawan Si Wiranagara | titi panukmaning tulis | saklangkung sukaning driya | wit dènnya baris wus lami ||

10. apan ta sampun sawindu | nèng Gênthong dènira baris | ya ta lajêng ingutusan | Ki Jangrana Adipati | pasisir măncanagara | kumpul ing pakuwonnèki ||

11. Cakraningrat Madurèku | wus sami sinungan warti | sadaya suka ing driya | Ki Jangrana matur aris | suwawi dalu punika | Tumênggung Wiranagari ||

12. sinungan dhawuh rumuhun | inggih dintên benjing enjing | samêktaa ing ayuda | amukul barisan ngriki | ing riki kănca sadaya | inggih sadhiyaa sami ||

13. samya budhal besuk esuk | dhatêng nagri Kartawani | Adipati Cakraningrat | ing dalu akarya tulis | dhumatêng Wiranagara | umêsat ingkang tinuding ||

14. nagri Pasuruan rawuh | wus panggih Wiranagari | walgita lajêng tinampan | binuka sinukmèng galih | kadriya rasaning surat | anulya parentah aglis ||

15. angrakit gêgaman pupuh | Tumênggung Wiranagari | budhaling sawadyanira | kang baris Gênthong ginitik | lajêng prang namung sakêdhap | dhadhal wadya Kartawani ||

16. sadaya lampahe nglarug | datan kawarna ing margi | praptèng nagri Kartasura | ya ta pasanggrahannèki | ing Gênthong samya ingobar |

--- 4: 112 ---

mring wong Pasuruan sami ||

17. de ta wau samya laju | sowan nata manganjali | wusnya klilan masanggrahan | kunêng wau kang winarni | garwanira sri narendra | putri ingkang saking Giri ||

18. kang nama Jêng Ratu Kidul | ambeka dhatêng sang aji | panuju giliranira | tan arsa dèn parêpêki | sang rêtna alon aturnya | dhuh pukulun sri bupati ||

19. kula samangke anyuwun | mêdal mantun dados cèthi | sang nata alon ngandika | sira wus bosên mring mami | lah ta mara pilihana | wadyaningsun pra dipati ||

20. Kangjêng Ratu Kidul matur | yèn parêng karsa sang aji | inggih Adipati Sampang | sang nata mèsêm nulya glis | umiyos maring pandhapa | Cakraningrat dèn timbali ||

21. wus sumiwi munggèng ngayun | ing Sampang Sang Adipati | sang nata alon ngandika | sira arsa krama yayi | umatur Dipati Sampang | yèn wontên paring sang aji ||

22. langkung kapêtêk ing êmbun | sang nata ngandika aris | lah ta yayi antènana | sang prabu malêbèng puri | tan adangu nulya mêdal | nganthi Kangjêng Ratu Giri ||

23. angandika sang aprabu | yayi tampanana iki | gêpah Adipati Sampang | kuncane lajêng winiwir | sang rêtna sigra ingêmban | ing kunca kampuhirèki ||

24. saksana binêkta mêtu | praptèng jawi srimanganti | tinitihkên joli sigra | ingkang mikul para mantri | jajarane wong Madura | amêrapit kanan kering [ke...]

--- 4: 113 ---

[...ring] ||

25. datan kawarna ing ênu | pasanggrahan sampun prapti | wau Sang Dipati Sampang | kasukanira angênting | sinigêg ing kasampangan | gêntia ingkang winarni ||

26. Pangran Dipati winuwus | dènira apalakrami | sakalangkug sih-sinihan | kadi mintuna lan mimi | sarambut tan kêna pisah | kalihnya sami lulut sih ||

27. ya ta kang rayi sang ayu | Radèn Sudira kang nami | pinundhut mring kadipatyan | kadang tan wontên tut wuri | amung Rahadèn Sudira | punika ingkang pinilih ||

28. jêng pangran langkung sihipun | ya ta sang atmajèng aji | apinarak munggèng tilam | tan pisah lawan kang rayi | Dèwi Lêmbah Kusumèng Dyah | parêkan andhèr nèng ngarsi ||

29. nulya wau sang abagus | Dyan Sudira dèn timbali | tan adangu sampun prapta | pangeran ngandika aris | adhi apa sira iya | wus duwe jêjuluk nami ||

30. kang dinangu nêmbah matur | jêng rama dènnya marabi | Radèn Mas Suryakusuma | ngandika Pangran Dipati | manèh sapa kang wus padha | ingalih ingkang wêwangi ||

31. Rahadèn Sudira matur | dhimas Papa silih nami | inggih Radèn Ăntawirya | pun adhi Mêsir wêwangi | nama Dyan Martataruna | adhi Kawa kang wêwangi ||

32. Dipataruna jêjuluk | jêng pangran ngandika aris | ya arinira Si Surya | iku sapa arannèki | Radèn Sudira manêmbah | adhi mas Surya sêsilih ||

33. Suryaputra wastanipun | maksih nyangking

--- 4: 114 ---

nama alit | Pangeran Dipati myarsa | saklangkung ewa ing galih | dene têka nora jamak | wong anom ran gêgilani ||

213. Sinom

1. ingsun ngrungu tuturira | arane kadangirèki | têka gêgilani janma | arane kadang ta iki | nora lumrah lan janmi | dene ta kaya gurnadur | jendral ing Batawiah | baya iku angluwihi | iya lawan kabèh wong ing Kartasura ||

2. samêngko karsa manira | dhawuhna pêparing mami | mring adhinira Si Surya | aja aran kang kadyèki | mêngko manira alih | nama Wăngsatruna patut | ya ta Rahadèn Surya | umentar saking ing ngarsi | duk miyarsa Sang Rêtna Yu Dèwi Lêmbah ||

3. kalangkung rêngat tyasira | wasana umatur aris | dhuh lae paduka kangmas | bok sampun kapati-pati | siya-siya nglangkungi | dhumatêng ing kadang ulun | punapa ta dosanya | mring paduka tanpa sisip | dadak mangke paduka asiya-siya ||

4. sintên malih lyan paduka | kangmas kang dèn pèk-êmpèki | dhumatêng kadang kawula | dadak jênênge ingalih | lagi ngong tumon iki | jamak wong duwe sadulur | jinunjung lungguhira | mundur têka dèn ewani | wong ajênêng Suryaputra linarangan ||

5. ingalih ran Wăngsatruna | dhuh eman sadulur mami | wong bênthing mathinthing brêgas | Wăngsatruna arannèki | kang raka ngandika ris | yayi ywa dadi atimu | apan ta wus prayoga | Wăng

--- 4: 115 ---

satruna arannèki | pratandhane yayi lamun kadang ingwang ||

6. sang rêtna sêndhu lingira | padu apa ta puniki | kinon nganthongi maringwang | wong batine ngandhut sêking | laire lir gulali | pantêse wong desa kluthuk | kang jênêng Wăngsatruna | sabên kesuk nyêngklang arit | sanyatane saking tan trêsna maringwang ||

7. mung kadang kinarya tiban | têka inglih jênêngnèki | ingaranan Wăngsatruna | lir aran wong mikul êpring | apa wus bosên mami | dhuh kadangku wong abagus | dene siniya-siya | awit kadangira èstri | ing layake mêngko nora kanggo krama ||

8. jarêm sajroning wardaya | wau ta kusumèng puri | mangkya ingkang kawarnaa | Dyan Suryakusuma prapti | kapugêran wus panggih | mring kadang aris amuwus | adhi mas jênêng para | karsane kangmas Dipati | sinalinan iku aranira tuwa ||

9. aranira Suryaputra | dhimas iku dèn salini | ing nama Wăngsataruna | paringe kangmas Dipati | kapriye sira adhi | Radèn Suryaputra ngungun | kèndêl tanpa wacana | waspanira adrês mijil | ingkang raka alon dènira ngandika ||

10. yayi mundur kaya bocah | dadak sira têka nangis | mungguhing wong angawula | utamane iki yayi | barang karsaning gusti | nglakoni sarta miturut | kang muni nitisastra | yayi pirabara benjing | kang amurba wisesa paring kamulyan ||

11. lamun sira [si...]

--- 4: 116 ---

[...ra] angawula | sêdhêng antuk sihing gusti | aja digung adiguna | iku ingkang bêbayani | yèn sira dèn dukani | kasêndhu maring wong agung | aja kurang ja nrima | adhêpna pati lang urip | aja mèngèng dèn awas purwaning duka ||

12. alane wong angawula | kalamun dipun dukani | nuli lunga palarasan | iku si wong kurang budi | nora kèndêl ing urip | cinirèn dening wong agung | balikan andhêmana | apa sakarsaning gusti | witing guna amarga saking dêduka ||

13. abèn-abèn sira rewang | marang kadangira èstri | bisaa sinihan priya | mau kangbok bangêt runtik | ya ingsun kira yayi | ing sapungkur ingsun mau | manawa dadi tukar | aprakara sira adhi | lah ta payo adhi marak kangjêng rama ||

14. ingsun arsa tur uninga | sira dèn salini nami | kang rayi anut ing raka | dyan kalih sigra lumaris | umarêk ngramanèki | tan dangu prapta ing ngayun | manêmbah kalihira | Dyan Sudira matur aris | rama kula ingutus putra paduka ||

15. kangmas Pangeran Dipatya | dhawuhi dhatêng pun adhi | inggih adhi Suryaputra | mangke namane ingalih | putra tuwan samangkin | Suryaputra namanipun | ingalih Wăngsatruna | kang rama myarsa lon angling | wus prayoga iku kulup karsanira ||

16. iku karsaning bêndara | dadyantuk nugraha yêkti | tan sarana ingulatan | mangkya antuk sihing [sih...]

--- 4: 117 ---

[...ing] gusti | mungguhing wong angabdi | sumarah karsaning ratu | aja kang têkèng lara | têkèng pati dèn andhêmi | umatura yèn rinta matur sandika ||

17. lah ta sira Suryaputra | ywa kaliru ing panampi | sira inglih Wăngsatruna | trimanên ing lair batin | iku nugrahèng gusti | pantês pinundhi ing êmbun | kang putra nut ing rama | matur nuwun nuwun inggih | Dyan Sudira wus lèngsèr saking ing ngarsa ||

18. tan winarna lama-lama | nênggih Pangeran Dipati | mring kang garwa Dèwi Lêmbah | kalangkung ewa ing galih | amung kang sêlir kalih | tansah pinuju ing kayun | sang dyah putêk ing driya | wasana kondur tumuli | mring dalême kang rama ing kapugêran ||

19. anjujug ing taman sêkar | wusira ngalami-lami | tansah anglêlipur brăngta | lawan êmbanira kalih | ya ta wau sang aji | miyarsa ing wartanipun | kang putra Dèwi Lêmbah | kondur mring pugêran purik | rêntêng ing tyas animbali abdinira ||

20. Sarawèdi Êsèh Ăngga | katiga prapta ing ngarsi | sang nata alon ngandika | Sèh Ăngga sira ngong tuding | têmua lan si adhi | mas Pugêr ingsun amundhut | polanya kang wasiyat | Ki Plèrèd Mesanulari | Ăngga Êsèh lah wis sira lumakua ||

21. duta kalih sarêng mentar | sang nata ngandika malih | Sarawèdi lumakua | katêmu lawan si adhi | sira takona warti | paran ta wadinirèku [wadinirè...]

--- 4: 118 ---

[...ku] | dene ta Nini Lêmbah | maring kapugêran mulih | yèn tinakon marang liyane adhi mas ||

22. aja ngaku yèn ngong duta | sandika Ki Sarawèdi | nêmbah lèngsèr saking ngarsa | ya ta utusan kang kalih | kapugêran wus prapti | lajêng umarêk ing ngayun | jêng pangran angandika | Ăngga Êsèh sira prapti | dinuta pa mring kakang mas sri narendra ||

23. Ăngga Êsèh matur nêmbah | ulun kinèn rakanta ji | raka paduka sang nata | amundhut polanirèki | Kyai Palèrèd tuwin | Ki Mesapanularipun | pangran aris ngandika | tan susah pinola malih | kyai karo saosêna mring sang nata ||

24. turana mola priyăngga | gya mundhut pusaka kalih | praptèng jawi angandika | lah ta tampanana iki | saosna mring sang aji | Ăngga Êsèh nêmbah matur | sangêt kajrihan kula | raka paduka sang aji | botên dhawuh mung dhawuh mundhut polanya ||

25. jêng pangran malih ngandika | ora ta saosna iki | Ki Palèrèd tinampenan | dhumatêng Ki Ăngga nênggih | Mesapanular Kyai | Ki Êsèh nampèni sampun | lèngsèr saking ngayunan | wus prapta sajroning puri | marêk ngarsa sang nata kagyat tumingal ||

26. lamun Êsèh lawan Ăngga | ambêkta pusaka nênggih | sang nata kalangkung duka | sumung-sumung wadana brit | angatirah suryandik | padoning lathi kumêdut | nulya asru ngandika |

--- 4: 119 ---

luwih lancang sira kalih | dene sira padha wani-wani gawa ||

27. anggawa punang pusaka | ingsun tan dhawuh kadyèki | mung ingsun amundhut pola | Ăngga Sèh kalangkung ajrih | wus tan angrasa urip | mêgap-mêgap aturipun | ulun tur pêjah gêsang | rayi dalêm sri bupati | ingkang dhawuh anaosakên punika ||

28. sang nata asru ngandika | lah uwis balèkna nuli | manira mung mundhut pola | Ăngga Êsèh mentar aglis | tan nyana lamun urip | sapraptaning jawi laju | lampahe jinajaran | mring kaparaknya sang aji | tan winarna marga praptèng kapugêran ||

29. Ăngga Êsèh matur nêmbah | kawula dinukan gusti | ing rakanta sri narendra | wit kula ambêkta kyai | wasiyat dalêm kalih | karsanipun sang aprabu | namung amundhut pola | ulun gusti kirang kêdhik | tinêlasan dhumatêng raka paduka ||

30. jêng pangran mèsêm miyarsa | anulya pinola kalih | tan adangu sampun dadya | pinaringkên duta kalih | lèngsèr saking ing ngarsi | sampun prapta ing kadhatun | ngarsanya sri narendra | kang pola pinundhut aglis | pinaringkên mring pandhe yuda kênaka ||

214. Pangkur

1. ya ta wau kang winarna | lampahira Kiyai Sarawèdi | kapugêran wus malêbu | tumama ing byantara | jêng pangeran alon angandika arum | kadingarèn sira prapta | iya anèng ngarsa mami ||

2. Sarawèdi matur nêmbah | sowan [so...]

--- 4: 120 ---

[...wan] ulun inggih dinutèng gusti | raka dalêm sang aprabu | wiyose mundhut pirsa | sababipun putra dalêm sang rêtna yu | kondur dhatêng kapugêran | jêng pangran ngandika aris ||

3. Sarawèdi umatura | ingsun ora wêruh prakaranèki | slawase Ni Lêmbah iku | mulih ing kapugêran | ingsun durung têtakon tuwin pirêmbug | lan anggèr Pangran Dipatya | tan paring uningèng mami ||

4. mara bêcik lumêbua | katêmua lan Ni Lêmbah pribadi | takona prakaranipun | Sarawèdi tur sêmbah | ulun ajrih rakanta nata tan dhawuh | jêng pangran malih ngandika | lah wis matura sang aji ||

5. kaya mau unjukêna | Sarawèdi gya nêmbah lèngsèr nuli | sapraptanirèng kadhatun | umarêk sri narendra | nêmbah matur sadaya rèhe ingutus | ing purwa madya wasana | sang nata rêntêng ing galih ||

6. kunêng gantya kang winarna | mangkya Radèn Sindurêja Kya Patih | sampun apêputra jalu | sing garwa ari nata | yeka tilas Trunajaya garwanipun | ingaranan Radèn Sukra | dadya pudyaning pawèstri ||

7. bagus bêsus kasêmbadan | dadi ojat kondhanging para èstri | sanadyan samia jalu | kayungyun asih marma | limpad ing tyas pasanging wiweka putus | sampurna sandining sastra | aulah graita lungit ||

8. ya ta ing ari sajuga | Radèn Sukra tumut ngarak pangantin | kinarya kêmbanging laku | ngalun-alun kamargan [ka...]

--- 4: 121 ---

[...margan] | duk samana Pangeran Dipati nuju | ningali arakan ika | nanging karsanira nilib ||

9. ya ta wau jêng pangeran | aningali ana wong nitih wajik | warnane kalangkung bagus | kudane lir badhaya | pan anirig munggèng têngah barisan gung | umubyar busananira | ngandika Pangran Dipati ||

10. hèh ta sapa kang têtêgar | anêlasak anèng têngahing baris | kang dinangu nêmbah matur | pukulun kang têtêgar | punika pun Sukra Sindurêja sunu | jêng pangran bêntèr ing driya | payo timbalana aglis ||

11. tan antara jêng pangeran | nulya mundur nèng pinggir bata mranti | kadipatèn banon agung | kumpul abdi sadaya | samya andhèr sumiwi mungguh ing ngayun | Gagakrungsit anèng ngarsa | Sutainthung jajar linggih ||

12. Wiragablug Jagatampar | Bajobarat Kartisêndhal lan Lungsir | Radèn Sukra praptèng ngayun | mabukuh pilênggahnya | jêng pangeran misih bêntèr galihipun | Radèn Sukra tanpa dosa | mung baguse dèn sêngiti ||

13. ingkang abdi kinêjepan | dyan tinubruk Radèn Sukra anuli | sampun sinêndhal kang dhuwung | Sukra nulya dèn bănda | sêsambate Radèn Sukra mêlasayun | pangeran asru ngandika | mênênga aja baribin ||

14. polahmu sawênang-wênang | pratingkahmu têgar satêngah baris | lir ing Kartasura suwung | tan na wong bagus liyan | muhung sira marma mangkono tingkahmu | kaya kang duwe

--- 4: 122 ---

nagara | jêr sira dhewe jalanthir ||

15. Radèn Sukra pinalara | tinabokan pan sarwi dèn jêjêki | kang netra jinêjêl sêmut | sêmut irêng kinarya | tobat-tobat Radèn Sukra sambatipun | adhuh gusti datan dosa | sampun kaniaya gusti ||

16. sinêmut malih matanya | Radèn Sukra niba gumuling siti | tinepangan lan jinagur | pangeran nulya jêngkar | Radèn Sukra gumuling nèng pinggir lurung | guladrahan anèng kisma | panakawane marani ||

17. ginendhong Rahadèn Sukra | netra kalih mêrêm awaspa gêtih | wus prapta paglaran agung | rencange Radèn Sukra | ting balêbêr kang sami amapag tandhu | tinandhu Rahadèn Sukra | awlas kang sami ningali ||

18. dene ta datanpa dosa | pinilara nganti satêngah mati | Radèn Sindurja duk dulu | dhumatêng ingkang putra | pan sakala mèh supe ing gustinipun | rinapu marang kang garwa | têmahan dukane lilih ||

19. ingkang putra ingusadan | pitung dalu waluya lir duk wingi | radèn matur ngramanipun | kawula amit pêjah | arsa dhatêng kadipatèn soroh amuk | anglangi ing ganjur watang | aramon pêdhang lan tamsir ||

20. kang rama alon ngandika | hèh ta kulup elinga lamun abdi | aywa sira purun-purun | lumawan ing bêndara | elinga yèn kawula sira nak ingsun | Radèn Sukra tanpa ngucap | ing rama kalangkung ajrih ||

21. anging ing batin Dyan Sukra | nora [no...]

--- 4: 123 ---

[...ra] marêm lamun dèrèng toh pati | mangkana ing ciptanipun | apa ta marganira | ingsun lawan pangeran lantaran lawung | aganti silih marjaya | bisaa aganti kêris ||

22. rahadèn emut ing manah | yèn garwane Pangeran Adipati | miyos saking jro kadhatun | ngêbon ing kapugêran | ciptaning tyas ngong sanake garwanipun | yèn arsa marang manira | ana kang sun gawe margi ||

23. mangkana Rahadèn Sukra | animbali pamomongira kalih | Singanănda wastanipun | kalihnya Patrawisa | praptèng ngarsa ngabêkti ban kalihipun | saksana wau Dyan Sukra | êmban kalih dèn bisiki ||

24. bapa sira wus uninga | ing warnane radèn ayu dipati | margane kinêbon iku | apa ing sababira | Singanănda Patrawisa alon matur | inggih kawula miyarsa | watosipun[12] tiyang Jawi ||

25. mila kinêbon sang rêtna | margi kawon lawan pundhutan sêlir | sing Ngonje sampun rinêngkuh | garwa dadya sang rêtna | linggar mangke panggenanira sang ayu | anèng dalêm langonsêkar | kang rama maksih ngewani ||

26. wingi kawula sêsanjan | dhatêng prasanakan kawula nami | pun Jayadrêma puniku | têtiyang kapugêran | sanjang bilih sabên sontên sang rêtna yu | pinarak anèng panggungan | katingal saking ing margi ||

27. kados anglêlipur manah | saking dening apisah lawan laki | agring kapitêmahipun | mring rama tan sinpa [si...]

--- 4: 124 ---

[...npa] |[13] mila Pangran Pugêr aduka ing sunu | mrih putra wangsul mring raka | Radèn Sukra duk miyarsi ||

28. nabda bapa kambilana | jaran ingsun kang aran si nirwati | dhawuk putih ulêsipun | anulya kinambilan | linaraban nirwati ing bludru wungu | palisir cindhe puspita | tuhu lamun karya brangti ||

215. Asmaradana

1. suku kuda papat sami | watês dhêngkul sinung nila | buntut kuncung lan surine | prasami sinungu nila | èbègipun garudhan | Dyan Sukra busana sampun | paningsêt jingga rinenda ||

2. kuluke cêmêng barêci | dene ta nyênyampingira | nênggih golang-galing ijo | sadasa lêr rawisira | kris bangkrak sarungannya | ukiran mas patra mancung | sumping mlathi siji sewang ||

3. dhasar bagus citranèki | sêmbada krênggèng busana | saya dumêling baguse | wus kadya Rahadèn Sămba | putra Paranggarudha | wusira wau sang bagus | nitih kuda sigra mêdal ||

4. panakawan samya ngiring | êmban kalih atut wuntat | praptanya ing lurung gêdhe | turăngga sirige ngiprah | anglir pendah badhaya | kapugêran kang tinuju | mripit banon patamanan ||

5. kang êlèr ing pinggir margi | marga kang têrus narmada | ganti ingkang winiraos | ingkang anèng langonsêkar | kang tansah ngewan priya | mêntas siram sang rêtna yu | lami tilar dhahar nendra ||

6. sampun antuk kalih sasi | sang dyah anèng kapugêran | saya dumêling [du...]

--- 4: 125 ---

[...mêling] cahyane | kadya gambar wêwangunan | risake kang sarira | wênês ijo angêlayung | kadya layoning wratsêkar ||

7. minggah ing panggung sang dèwi | jaja manglung anèng bata | ing pukul gangsal wayahe | surya mèh tunggang acala | wus kuning suratira | wadana katingal mancur | Radèn Sukra winursita ||

8. mêndhapan turangganèki | kalih sarêng pandulunya | lir panjang putra tumibèng | sela-sela sumayana | kumêpyur èstri priya | rêmpu tyasnya kalihipun | mangkana Rahadèn Sukra ||

9. angadêg suraning galih | datan angeman palastra | akanina boncah-bancèh | Radèn Sukra tan suminggah | lêbura wor pratala | satuhu tan sêdya mundur | ya ta sang rêtna ngandika ||

10. êmban sapa têgar iki | bola-bali ngulon ngetan | dadak angungak marene | payo padha nyêdhak mrana | êmban alon turira | gusti sang kusumaning rum | sampun paduka ngatingal ||

11. bok Gusti Pangran Dipati | ingkang têtêgar punika | dadya padukantuk awon | sang rêtna aris ngandika | ika dudu kakang mas | nganggoa cara gurnadur | masa ta ingsun panglinga ||

12. kang ngiring ika mung thithik | yèn ta kangmas Adipatya | ingkang ngiring pasthi akèh | ika wong anyar katingal | ya ta wau sang rêtna | saking ing panggung tumurun | saksana amundhut ăndha ||

13. pinasang ing banon nuli | ingunggahan de sang rêtna | sunaring [sunar...]

--- 4: 126 ---

[...ing] surya tumlorong | nyunari citra sang rêtna | gumêbyar kadya wulan | ing tanggal patbêlasipun | kalihnya sarêng tumingal ||

14. samya tumênggêngên kalih | Dyan Sukra sangêt kasmaran | dèn andhêgakên kudane | kadya pêjaha sakala | wau Rahadèn Sukra | tan niyat awèt tumuwuh | yèn tan panggih lan sang rêtna ||

15. êmbanira sang lir Ratih | sajuga dhèrèk nèng bata | yèka kinèn atêtakon | dhatêng wau Radèn Sukra | êmban alon atanya | bagus sintên kang sinêbut | sumaur Rahadèn Sukra ||

16. ingsun sutanirèng patih | Sukra kalarehan ingwang | Natadirja namaningong | anging durung pati karan | maksih karan Dyan Sukra | sang rêtna ngandika asru | hèh kalingane Si Sukra ||

17. warnanira tuhu pêkik | nanging dêgsura ing tingkah | nora angeman baguse | yèn sira kadêngangana | marang kangmas Dipatya | tan wun gulunira jabud | pinothol de nora prênah ||

18. Radèn Sukra anauri | masa ta ingsun wêdia | lan Pangran Dipati Kêncèt | wani atakêr rudira | nadyan kinarubuta | sun tan nêdya tinggal playu | atandhinga ing ayuda ||

19. apan nêdya sun langèni | lêmbing busur lan gudebag | ganjure wong kadipatèn | sarwi anyamêthi kuda | turăngga nandê[14] nyongklang | kang tinilar kari mangu | gêgêtun ing solahira ||

20. têdhak saking banon aris | sang

--- 4: 127 ---

rêtna alon ngandika | Si Sukra tuhu anglamong | baya kêna sèpi anyar | ewuh panduganingwang | apa ika wong kêkaul | êmban kalih atur sêmbah ||

21. gusti kawula watawis | Radèn Sukra kadi kalap | dene makatên solahe | jêr anggèr sintên-sintêna | mulat dhatêng paduka | tamtu rangu-kapirangu | yèn tan panggih têmah edan ||

22. mung Gusti Pangran Dipati | inggih raka jêngandika | tuhu wong anèh nyêrwètèh | umulat dhatêng paduka | dadak têka aewa | yèn mênggaha tiyang dhusun | kalêbêt tiyang gêmblungan ||

23. malih Dyan Sukra winarni | apan dèrèng pati têbah | cangkelak wus bali malèh | turangganira anyongklang | prapta maripit bata | nginggil bata sampun suwung | sang rêtna sampun tumêdhak ||

24. dadya ginêbrag kang wajik | anging sarira wus lupa | lampahira mandhêg mayong | amung kang manglung ing bata | gumantung ing wardaya | cumanthèl anèng jêjantung | wus prapta ing dalêmira ||

25. tumurun saking turanggi | laju nibèng pasarean | lêsu lupa sarirane | kasambêt ngasmara lila | tan ana kang kacipta | amung sang rêtnaning ayu | amukêt jêjantungira ||

26. wanci sirêp rare alit | awungu Rahadèn Sukra | nulya kêkaring mring kêbon | karsane anglipur brăngta | nuju tanggal ping sanga | miyat surêming sutèngsu | katon cahyane sang rêtna ||

27. angadhuh asambat mati | Radèn [Ra...]

--- 4: 128 ---

[...dèn] Sukra gadêbugan | nulya pinarak sêsèndhèn | ing uwit jambu drêsana | sarwi aura-ura | rêngêng-rêngêng angêngidung | atêmbang asmarandana ||

28. adhuh gustiningsun dèwi | kang dukani wong têtêgar | gandês luwês pitêmbunge | kaya ngalapêna jiwa | mirah pêpujan ingwang | yèn wurung ngabdi wong ayu | sida edan karungrungan ||

29. kawula mirah tur pati | musthikaning kapugêran | datan kuwawi abdine | yèn manggung anandhang brăngta | tan wontên lyan kacipta | amung nah anggèr wong ayu | kang dukani wong têtêgar ||

30. dhandhang wiring masku ari | kang pêksi kinarya duta | mung angalap mikat bae | kêbo bang mawa curiga | kang ati sapiraa | abdinta nuwun bêbêndu | aminta jampi larangan ||

31. upamine kusuma di | kang tunjung tuwuh nglautan | rinêksa ing baya akèh | alun agêng ing tunjung bang | inggih botên kaetang | sun langèni pasthinipun | gèn kularsa anganthia ||

216. Kinanthi

1. wulung wido măngsa batur | pêjah kalap kula gusti | ilèr ijo munggwing têgal | terong alit kusuma di | nadyan kula kênthang-kênthang | anganti sihipun gusti ||

2. sampun rumaos pukulun | tan liyan paduka gusti | ingkang mugut yuswaningwang | mung gusti kang karya brangti | mugi paringa usada | kinarya sanguning lalis ||

3. wus kasêdya siyang dalu | kang abdi nêdya lêlangin | ganjur watang kadipatyan | ya ta êmbane kêkalih [kê...]

--- 4: 129 ---

[...kalih] | Singanănda Patrawisa | ngulari sampun kapanggih ||

4. nèng kêbon sêsèndhèn kayu | drêsana ngrêgêmêng kèksi | êmban kalih aturira | anggèr dèn emut ing galih | sampun ngugung ing budyarda | ngrasaa kalamun abdi ||

5. ing nusa Jawi sadarum | kagungan Pangran Dipati | sabarang kinarsan dadya | yèn gusti ingkang akardi | nadyan ta amêjahana | ing tyang tanpa dosa dadi ||

6. Rahadèn Sukra ambêkuh | mênênga aja baribin | pan sun labuhi pribadya | nadyan bapa awak mami | ing benjang kinarya lesan | nora sêsambat sirèki ||

7. ajura dèn kumur-kumur | ingsun dhewe kang nglakoni | mêngko bapa karsaningwang | yun mring kapugêran mami | anjujug ing langonsêkar | ênggone sang kusuma di ||

8. arsa ngaturakên lampus | mring gusti kang asung brangti | ya kang dukani wong têgar | ngong lali-lali tan lali | sotya adi kapugêran | mêloking wadana kèksi ||

9. sêmut bang wungkusan masku | kurang tamban kula gusti | gwan sun kandhuhan ing rimang | mêmitran dede sasami | êmbane kalih karuna | sampun klajêng-lajêng gusti ||

10. ngemana srira pukulun | kang abdi atur pêpeling | kados tan sae pinanggya | karsa tuwan kang kadyèki | Dyan Sukra arda amêksa | sigra dèn ta nyandhak karbin ||

11. saksana radèn acancut | krêga kinalungkên aglis | ing wanci sirêping janma | ping sanga [sa...]

--- 4: 130 ---

[...nga] tanggalirèki | wus surup punang sasăngka | saksana umangkat aglis ||

12. mêdal bêbutulan sampun | êmbane kalih gendholi | Rahadèn Sukra sru mêksa | dadya êmban milwa ngiring | sigêgên kang yun andhustha | warnanên sang rêtna dèwi ||

13. pinarak dening banipun | anèng dalêm langonsari | amung lêt sakêlir bata | lawan tamanan donnèki | Kusuma Yu Dèwi Lêmbah | mèsêm angandika aris ||

14. iya nora talah biyung | Si Sukra polahirèki | ika ta wong anêmpuh byat | mungguh biyang kang upami | upama ingsun pinêgat | dening kangmas Adipati ||

15. banjur alaki katèngsun | olèh Si Sukra ngong bibi | paran pangrasanta biyang | ni êmban umatur ririh | punika botên prayoga | sabab Sukra sutèng abdi ||

16. rakanta putraning ratu | kajawi kang saupami | jêng raka dalêm pralina | inggih bêbêtahan gusti | nêmpuh baguse pun Sukra | sêdhêng putranirèng patih ||

17. kawartos têdhak mêjagung | Arya Sindurêja Patih | dados trahing waliyullah | lan malih punika panggih | ing paduka naking-sanak | dede trah wong cukit dulit ||

18. yèn sampuna tiyang agung | rakanta Jêng Pangran Pati | tinimbang ing bagusira | gusti kaot wolung tail | maksih bagus Radèn Sukra | sang rêtna ngandika aris ||

19. iya upamane biyung | kalakona ingsun laki | olèh kalawan [ka...]

--- 4: 131 ---

[...lawan] Si Sukra | mendah ta ucaping janmi | dêstun dêlap ngong nèng jagad | kaya nora na wong maning ||

20. dhuh kang ora ora biyung | umatur Êmban Sulastri | gusti jêng raka paduka | Gusti Pangeran Dipati | punapa ingkang cinacad | dhasare putra nrêpati ||

21. kang badhe gumantos ratu | amêngku rat nusa Jawi | ping kalih lawan paduka | kadang naking-sanak gusti | sang rêtna aris ngandika | kangmas Pangeran Dipati ||

22. pan iya cacade biyung | mung rada kêncèt sathithik | ambêk dahwèn panastenan | kumênthus lêngus kumaki | lèn adigung adiguna | dhêmên niaya ing janmi ||

23. tan mikir rabi sadulur | mung karêpira pribadi | tinurut sakarsa-karsa | ewuh biyung pikir mami | karêmane sabên dina | tan liya amasang sandi ||

24. siya-siya nora etung | cugêtan tur drêngki jail | dadi angèl linadenan | upamane awak mami | lamun dadia wong liya | don ingsun apalakrami ||

25. nora nganti pitung dalu | pasthi ingsun nuli pamit | rèhning sun alaki kadang | dadi sun bêtahkên bibi | wis biyang aja dinawa | ingsun mêngko arsa guling ||

26. ing wayah wus lingsir dalu | ganti winuwusa malih | lampahira Radèn Sukra | ingiring êmbannya kalih | Singanănda Patrawisa | datansah lumakwèng wuri ||

27. wus angrampit lampahipun | ing pagêr bata capuri | de ta wau êmbanira | kêkalih

--- 4: 132 ---

ingkang umiring | tansah dènira karuna | aturira amlasasih ||

28. dhuh gustiku wong abagus | sumăngga ta kondur gusti | ing lampah kalangkung samar | paduka dèrèng prajanji | andadak tumuntên prapta | paranta sagêd pinanggih ||

29. mindhak dadya nisthanipun | yèn tinampik ing sang putri | wirang punapa pinanggya | tur tan wun amanggih wèsthi | sanadyan tumêkèng lina | kalamun sang dyah tulus sih ||

30. dados pêjahipun jujur | botên umandhêg tumolih | punika lampah paduka | sangêt amêngku kuwatir | ambêkus Rahadèn Sukra | tan sêdya mundur ing kapti ||

217. Durma

1. êmban kalih tan kèndêl ing aturira | sarwi alon anangis | dhuh gusti disabar | sampun kasêsa-sêsa | punika kirang prayogi | nyidra asmara | apan dèrèng prajanji ||

2. bok inggiha ngirib lampahing satriya | sampun bêbêkta gusti | ing rama jandika | ngimpuni sanagara | prawira limpad nastiti | nate anyidra | ing mungsuh sura sêkti ||

3. ing upami lampah paduka punika | ngambil mina jro warih | toya tiwas buthak | kang mina datan kêna | lir bramara ngisêp sari | kang sêkar mêkar | sari mawur tan kêni ||

4. ingkang jamak yèn arsa nyidrèng asmara | ngangge jaruman dhingin | ambucala arta | kancana lan busana | punika margane panggih | tuhu satriya | wignya anyidrèng rêsmi ||

5. Radèn Sukra kumênyut [ku...]

--- 4: 133 ---

[...mênyut] aris ngandika | bênêr bapa sirèki | wis bapa mênênga | ingsun ta kudu iya | sanadyan tan têkèng rêsmi | amung wêruha | kewala mring sang dèwi ||

6. sukur bisa sapocapan mring sang rêtna | ingsun anulya mulih | lamun durung panggya | bapa lan kang sung brăngta | dhuh hyang-hyanging tilamsari | pan wus sun sêdya | mirah sun tohi pati ||

7. sawusira manabda wau Dyan Sukra | arsa nglajêngkên laris | anging lampahira | kapêngkok pagêr bata | dadya sira tan tuk margi | acalingukan | amrih margi kang gampil ||

8. Radèn Sukra kawêkèn tan antuk marga | karbinira binanting | karganya binuwang | putêk ingkang wardaya | bêbêg ing tyas têmah nangis | asru ngandika | dhatêng êmbanirèki ||

9. Singanănda uculana sabukira | nuli cêlubna warih | sun gawe rambatan | amènèk pagêr bata | sigra inguculan nuli | sabukanira | cinêlubakên warih ||

10. ingaturkên dhumatêng Rahadèn Sukra | inguncalkên tumuli | maring pagêr bata | sumampir krakêt kêkah | anulya dipun rambati | Rahadèn Sukra | wignya alampah sandi ||

11. praptèng nginggil sabuk tinurut mangandhap | kuwat datan ngoncati | sampun praptèng ngandhap | êmban kantun nèng jaba | saklangkung maras ing pati | Rahadèn Sukra | lumêbêt nglangonsari ||

12. tarataban amaripit pagêr bata | dhodhok sor wit kuwèni | kaduwung ing tingkah |

--- 4: 134 ---

nanging kinapakêna | lir wong bêksa dèn kêploki | mondhong bêdhaya | raosira kang galih ||

13. kawarnaa para putra kapugêran | samya nganglang ing wêngi | Radèn Ăntawirya | Radèn Martataruna | samya sikêp pêdhang tamsir | Rahadèn Dipa- | taruna lan kang rayi ||

14. ingkang nama Rahadèn Wăngsataruna | sikêp talêmpak kalih | dene amiyarsa | bênce tuhu lan têkak | kolik sami anauri | ing prênahira | kang raka sang lir Ratih ||

15. sigra mangkat rahadèn putra sakawan | sami prayitnèng wèsthi | maring langonsêkar | kang raka anèng ngarsa | Radyan Ăntawirya nênggih | pasêmonira | pantês prawirèng wèsthi ||

16. Radèn Săngka Sudama sami prayitna | kalih asikêp biring | praptèng langonsêkar | ya ta ingkang winarna | Dyan Sukra nèng sor kuwèni | miyat pra putra | samya mring langonsari ||

17. mingsêr saking prênahe dènira lênggah | suku nampar ron aking | swarane kumrosak | kagyat kang para putra | saksana sami mrêpêki | angulap-ulap | nyata yèn ana janmi ||

18. wus prayitna sadaya kang para putra | dhustha dèn parêpêki | mring Dyan Ăntawirya | wau Rahadèn Sukra | uninga dipun prêpêki | gumingsir sigra | saking donira linggih ||

19. tinarajang dening Radèn Ăntawirya | Sukra lumayu aglis | para putra ngêpang | nanging tan ana

--- 4: 135 ---

opyak | ting barêkuh swaranèki | angubêr dhustha | Sukra nyalimpêt aglis ||

20. Radèn Ăntawirya Radèn Martatruna | ngandika mring kang rayi | enggal amundhuta | obor dimène padhang | kang rayi lumayu aglis | praptèng pandhapa | kang saos dèn pundhuti ||

21. ingkang saos gêpah arsa umiringa | radèn tan anglilani | sigra lampahira | prapta wus ingoboran | Radèn Sukra angrambati | ing marganira | dilalah praptèng nginggil ||

22. katêlorong ing obor radèn katingal | anjlog wus praptèng jawi | ban kalih kalumah | kajlogan gya lumajar | Dyan Ăntawirya duk mèksi | dhustha lumajar | banon dipun lumpati ||

23. praptèng jaba wau Radèn Ăntawirya | asru dènira angling | hèh maling mandhêga | payo tandhing prawira | yèn nyata maling sinêkti | wong êndi baya | dene akumawani ||

24. ya ta kang pra ari mirma mring kang raka | manusul datan bangkit | dadya lok kewala | gègèr wong kapugêran | pating balêbêr nututi | wong kasindurjan | sanega anadhahi ||

25. ing dêdalan padhange kadi raina | tarap sami nyêgati | wadya kasindurjan | kagyat dènnya tumingal | Radèn Sukra kêmpis-kêmpis | graita samya | dadyarsa angalingi ||

26. tan antara Radèn Ăntawirya prapta | wong kasindurjan uning | marang radèn putra | saksana

--- 4: 136 ---

mêndhak samya | atarap sapinggir margi | mantri sindurjan | gupuh matur wotsari ||

27. adhuh anggèr paran wartane kang dhustha | radèn ngandika aris | marene kang dhustha | mantri Sindurjan nêmbah | kawula anggèr ngadhangi | tan wontên tiyang | manawi gêbyur kali ||

28. Radèn Ăntawirya wusnya ingaturan | lajêng kondur sang pêkik | ya ta kawuwusa | wau Rahadèn Sukra | praptèng wisma nulya guling | saputing driya | sangsaya angranuhi ||

29. tan wontên lyan kang kacipta ing wardaya | amung kusumèng puri | sotyèng kapugêran | kang bisa wèh wigêna | wadung pari tambang pêksi | nimas andika | niaya angênuri ||

30. lamun sira gusti ajaa dêduka | mring sun têtêgar wingi | masa kalakona | kang abdi kalayatan | pati-pati bêbêntusi | wasana sira | nimas nora nimbangi ||

31. tan winarna ing dalu wus tatas enjang | Rahadèn Sukra nênggih | wus akarya surat | rêrêpèn pitung pada | sinawung têmbang pamijil | katur sang rêtna | sri nata kang gumanti ||

218. Sinom

1. nimbali pamomongira | èstri nama Êmban Gori | sampun prapta munggèng ngarsa | Radèn Sukra ngandika ris | biyang sira sun tuding | poma dèn bêcik lakumu | sun jaluk karyanira | ing akal dipun patitis | agoleka sira biyang prasanakan ||

2. êmbane Sang Dèwi Lêmbah | sotya kapugêran bibi | pikatên kalawan arta | kancana wastra kang bêcik [bê...]

--- 4: 137 ---

[...cik] | supaya layang mami | mring sang rêtna bisa katur | êmban matur sandika | anyuwun sangu sang pêkik | sangang ringgit kinarya pamikatira ||

3. ya ta lajêng pinaringan | Êmban Gori sangang ringgit | lan lorodan nyamping mawa | sulaman mas golang-galing | kalawan kêmbên plangi | ingêmban cumèplês patut | surat wus tinampanan | ginembol kalangkung rêmit | sigra mangkat Êmban Gori anèng marga ||

4. lampahira lanthang-lanthang | mring pasar sêdyaning kapti | anjujug wong adol ayam | lan bèbèk punika sami | têtiyang magêrsari | ning kapugêran sadarum | Ban Gori nganyang-anyang | ngiras pantês têtanya ris | pan kaparêng rabine Ki Tambakbaya ||

5. anulya dèn ajak ngiwa | Êmban Gori abêbisik | bok adhi napa andika | bisa ngaturkên kintèki | dhatêng sang rêtnèng puri | andika kalamun sanggup | ngong wèh opah nêm reyal | Ni Tambakbaya nauri | inggih sanggup sintên kang darbe pustaka ||

6. kalawan layang punapa | Ni Êmban Gori nauri | bok adhi kang kirim layang | Jêng Gusti Pangran Dipati | Ni Tambakbaya nuli | nampani nawalanipun | klawan arta nêm reyal | angglèdhèg tanpa pinikir | saking dènnya bungah ingopahan kathah ||

7. wus mangkat Ni Tambakbaya | datan kawarna ing margi | praptèng dalêm langonsêkar | warnanên sang rajaputri | kalangên anèng bèji | dènira mangimur ing kung |

--- 4: 138 ---

pan lagya sêsarean | munggèng kathil sang rêtna di | cèthinira sadaya aglar nèng ngarsa ||

8. sang rêtna anganggit sêkar | capaka ginubah ngrawit | sinawang ingaras-aras | saksana ngandika aris | sapa kang sun sêkari | si dhongkah pinangan ngantu | priyayi ing kanoman | agawe rasaning ati | kaniaya têmên kangmas Adipatya ||

9. lêga-lêgane kang manah | yèn èstu puas ing galih | talake dèn paringêna | aja agawe prihatin | sangêt anandhang wingit | sarira sangsaya nglayung | ngandêlakên yèn putra | rat Jawa ingkang mêngkoni | ing têgêse sapa wani randhaningwang ||

10. jêr ingsun putraning nata | ingkang mêngku ing rat Jawi | sapa wani timbang ingwang | sikara ingsun arani | kakang mas Adipati | ngandêlakên yèn wong agung | dènnyambêk kumawawa | agawe susahing ati | nora mirib kalamun akrama kadang ||

11. lagya eca angandika | kagyat sang rêtna ningali | praptane Ni Tambakbaya | umarêk daganing gusti | sarwi ngaturkên tulis | angandika sang rêtna yu | biyang ragane sapa | iki ingkang kirim tulis | matur nêmbah sira Nyai Tambakbaya ||

12. pawèstri sampun atuwa | gusti ingkang bêkta tulis | wicantêne dhatêng kula | gusti rakanta kang paring | Pangeran Adipati | sang rêtna nampani gupuh | nawala tinupiksa | kang têmbung mawi inganggit | sêkar mijil rêrêpèn kasbut Dyan Sukra ||

--- 4: 139 ---

219. Mijil

1. nuwun nuwun kawula tur tulis | mring dewaning sinom | awit saking asangêt wirage | duk nalika têtêgar kang dasih | gusti andukani | witipun mangun kung ||

2. mila mangke gusti ingkang abdi | asangêt wirangrong | pan cumanthèl ing jantung nah anggèr | botên sagêd tumingal lyannèki | mung paduka gusti | kang sawang sitèngsu ||

3. pan gumarit ing tyas sanubari | tan lyan kang katonton | botên wande gusti gêgêbale | kang saèstu anêmahi lalis | yèn tan kusuma di | kang murungkên lampus ||

4. tan na liyan ing sanuswa Jawi | kang murungkên layon | mu[15] paduka kang sagêd nah anggèr | mila ulun aminta ing gusti | aparanga[16] jampi | jêjampining wuyung ||

5. yèn kaparêng ing karsanta mangkin | kawula asaos | mring nah anggèr andhèrèk sapangrèh | ing jro tilam aparinga jampi | kang abdi nuwun sih | amrêdi mamrês kung ||

6. sampun tanggêl mring dasihe gusti | nèng tilam rêrêmpon | botên nêdya mundur kawulane | kinungkunga wontên ing jinêmrik | sampun mijil-mijil | ngantosa sataun ||

7. ingkang dasih èstu anglampahi | ing karsa sang sinom | têkèng layon ulun tan tumolèh | dasihira pun Sukra ngantosi | sang dyah kang pêparing | usadaning wuyung ||

220. Sinom

1. sang rêtna kagyat sakala | saksana ngandika aris | biyang sapa kang wèh layang | dudu kangmas Adipati |

--- 4: 140 ---

iki kang paring tulis | sira biyang kêna ngapus | kablithuk dening janma | sang dyah wusnya maos tulis | graitèng tyas nanging tan nganti kawêca ||

2. sangêt pangunguning driya | pangudasmaraning galih | eman têmên si dipongkrang | wong bagus kudu ngêmasi | nora atolèh gusti | ngajak mati si dipênthung | baya ta katon apa | dene ta kapati-pati | têka bangêt gone kasmaran maringwang ||

3. kang rêrêpi pitung pada | sinèlèh ngisor gêguling | sang rêtna lajêng anendra | Ni Tambakbaya nulya glis | gya mêdal saking bèji | prapta sapinggiring lurung | Êmban Gori samana | apan ta maksih ngêntosi | wus kapanggih lawan Nyai Tambakbaya ||

4. angucap Ni Tambakbaya | sirèku amasang sandi | sandine sandi upaya | amiguna amiranti | mèsêm Ni Êmban Gori | mangke paran wartanipun | kature kang nawala | dhatêng kusumaning puri | anauri sira Nyai Tambakbaya ||

5. inggih gusti sang kusuma | botên suka botên sêdhih | dene wau kang nawala | sinèlèh ngandhap gêguling | angling Ni Êmban Gori | yèn èstu arjaning laku | sae dika panggiha | myang Radèn Sukra pribadi | pasthi kathah pêparinge marang dika ||

6. lah dawêg sarêng lan kula | Ni Tambakbaya tut wuri | sigêgên ingkang lumampah | warnanên kang anggung kingkin | Radèn Sukra anganti | Êmban Gori praptanipun | lênggah ing pêpungkuran | rêngêng-rêngêng angrêrêpi [angrêrê...]

--- 4: 141 ---

[...pi] | langkung sangêt dènira kandhuhan brăngta ||

7. karangehan munggèng têgal | lawas enggal kula anti | sêsulung kang mêdal enjang | galêpung pangusap rai | masa lipura gusti | lamun dèrèng karonlulut | sotyaning kapugêran | tangkil agung wadung pari | kaniaya wong têtinjo tan sinapa ||

8. kondur saking pêpungkuran | sangsaya sru nandhang wingit | kagyat rahadyan tumingal | praptanira Êmban Gori | kalawan bêkta kanthi | gupuh têtanya sang bagus | biyang bayolèh karya | Êmban Gori matur aris | inggih angsal nanging sasat dèrèng angsal ||

9. anggèr angsale punika | dene katampan kang tulis | dèrènge angsal punika | dene botên dèn wangsuli | tan suka datan runtik | inggih wau radèn ayu | Dyan Sukra angandika | si bibi iku wong êndi | anyar katon Êmban Gori atur sêmbah ||

10. rabine Ki Tambakbaya | punika kang anèm gusti | kinawayuh marang priya | kasoran dènnya rêbut sih | dadya momong ing mangkin | dhumatêng sang rêtnaning rum | Radèn Sukra ngandika | ingsun rewangana bibi | sasat sira amayu karamat bêjad ||

11. ya ta nulya pinaringan | kawan dasa reyal putih | lawan cindhe kalih lirang | sêmbagi lawan pêlangi | rong kêbar jarit bathik | sakêmbar samya lus-alus | pathola sakêmbaran | sakathahing kêling-kêling | lawan mirah pinaringan sakêmbaran ||

--- 4: 142 ---

12. Radèn Sukra atêtanya | kayaparan duk ing wingi | kature nawalaningwang | lah sira tutura bibi | Tambakbaya turnya ris | nalika kang sêrat katur | winaos mring sang rêtna | rêspati tinêmbang mijil | swara arum pinyarsa lir nganyut driya ||

13. sasampune maos surat | mèsêm sang rêtnaning puri | saksana punang nawala | sinèlèh ngandhap gêguling | sarwi ngandika aris | ngajak mati si dipênthung | inggih mung sapunika | Dyan Sukra myarsa kadyèki | nibèng kasur kumênyut raosing driya ||

14. Ban Gori ngandikan prapta | Dyan Sukra ngandika aris | biyang laraningsun mêtak | ngrungu wartane si bibi | baya nêmahi pati | ing samêngko iki biyung | yèn ora saluluta | lan kang gawe lara brangti | sapa ingkang prayoga pinindha-pindha ||

15. Êmban Gori aturira | kathah ingkang para sêlir | singa ingkang kinarsakna | pinindha-pindha pan dadi | ngandika sang apêkik | pasthi nora mari biyung | yèn dudu wong ing kana | nadyan rupa nini-nini | lamun uga parêkane sang lir rêtna ||

16. hèh si bibi Tambakbaya | konên marene dèn aglis | ri saksana tinimbalan | Nyai Tambakbaya prapti | ing ngarsane sang pêkik | langkung maras manahipun | dene kinèn malbua | dhumatêng ing jinêmwangi | Nyai Tambakbaya lênggah jawi lawang ||

17. Bok Gori wus kinèn mêdal | Radèn Sukra ngandika ris | dèn kaparèng ngarsaningwang [ngarsaning...]

--- 4: 143 ---

[...wang] | aja taha-taha bibi | ingsun arsa mêmêling | mring gustinta radèn ayu | aja na wong miyarsa | Ni Tambakbaya turnèki | lah ta radèn inggih pitungkas punapa ||

18. saking ing riku kewala | pan kapyarsa saking ngriki | punapa kang winicara | radèn myarsa aturnèki | Ni Tambakbaya sangkin | ti arda ing karsanipun | datan kêna ingampah | kadi karanjingan eblis | dajal laknat angridhu mrih guladrawa ||

221. Dhandhanggula

1. Radèn Sukra tan daranèng galih | gya anyandhak wau tanganira | Nyai Tambakbaya kagèt | turira sampun sampun | jêng paduka arsa punapi | pun bibi sampun sêpah | tan sae dinulu | rahadèn aris ngandika | sira bibi dadia wakile gusti | sun pindha sang kusuma ||

2. Nyai Tambakbaya matur aris | adhuh anggèr bok sampun wong tuwa | têka ginawe mangkene | lan malih bok ing dalu | siyang-siyang tan sae gusti | akathah kang wuninga | saksana rinangkul | datan kêna asambata | rinarêpa ingaras-aras nginggati | anggèr sampun mangkana ||

3. radèn ngliwung wus tan ngrasa ngèksi | lamun iku Nyai Tambakbaya | sampun ariwut kalbune | setan ingkang angridhu | mila radèn limut kapati | wus malik kang paningal | pindha-pindhanipun | ingaras-aras anyêngkah | mriyêmbada rahadèn angarih-arih | dhuh sotyèng kapugêran ||

4. wêlasana dasihira gusti |

--- 4: 144 ---

gunung alit sakilèn sagaran | baya iki wus wijile | paringa usadèng kung | dasihira anuwun runtik | wilutamèng paprêman | anuwun bêbêndu | atêmbung tadhah wadana | yam-yam tilam juwitaning sari-sari | sari gambira laya ||

5. sinjangira wus kasingsal têbih | mèsêm-mèsêm Nyai Tambakbaya | radèn nêkakkên karsane | warastranya tumanduk | sakalangkung sukaning galih | tadhah Ni Tambakbaya | radèn saya sêngkud | gambira sasolahira | sakamantyan karênanira ing galih | amanggih kakung mudha ||

6. sampun luwar dènira karonsih | pan cinatur ambal kaping tiga | sampun dumugi kalihe | tumêdhak sang abagus | saking tilam sampun sêsuci | Radèn Sukra pinarak | anèng dalêmipun | sajawining tilamira | pawongane sadaya ngadhêp ing gusti | Ban Gori munggèng ngarsa ||

7. Radèn Sukra sampun karya tulis | yèn kalilan marêk ing ujana | bok wontêna timbalane | punang sêrat wus sinung | atanapi ingkang wêwêling | mring Nyai Tambakbaya | samana wus mêtu | saking dalêm kapatihan | ênêngêna ing mangke ingkang winarni | Pangeran Adipatya ||

8. pan adarbe santana satunggil | prênah paman lan kangjêng pangeran | Ratu Kulon sadhèrèke | sinung nama sang prabu | Radèn Arya Tiron wêwangi | ya ta samana marak | ngarsane sang bagus | angaturakên pawarta | dhêdhêmitan awite ingkang pawarti | saking ing kasindurjan [ka...]

--- 4: 145 ---

[...sindurjan] ||

9. Radèn Arya Tiron matur aris | gusti kula ngaturi uninga | rayi paduka ing mangke | pan ulah lambangsantun | lan pun Sukra sampun alami | malah wus kawênangan | mring rinta sadarum | katuju lêpat pun Sukra | dene mangkya maksih anggung wira-wiri | urup wastra lan sinjang ||

10. kang minăngka jarumane gusti | rabinipun anèm Tambakbaya | amomong arinta mangke | dupi miyarsa atur | langkung duka Pangran Dipati | netra abang ngatirah | muka sumung-sumung | kumêdut padoning lathya | jajanira sumirat lir wora-wari | idêp mangada-ada ||

11. jêng pangeran angandika wêngis | supe lamun putraning narendra | angundhangi ing wadyane | arsa mangrurah ripu | Radèn Sukra yun pinrêp jurit | Arya Tiron wotsêkar | matur angrêrapu | lir cintaka minta warsa | gusti sampun tumindak mangrurah jurit | yuda lawan pun Sukra ||

12. langkung nistha kajarwa ing janmi | yèn suwawi paduka tur surat | dhatêng jêng ramanta anggèr | saliring solahipun | rayi dalêm kajarwèng tulis | jêng pangran sru karênan | angandika arum | bocah sira timbalana | adhi Suryakusuma kang kinèn mijil | lampahnya gêgancangan ||

13. tan adangu rahadèn gya prapti | ing ngarsane Pangeran Dipatya | jêng pangran pangandikane | aja dadi atimu | yayi sira ingsun timbali | tan ana apa-apa | iki surat ingsun | aturna [a...]

--- 4: 146 ---

[...turna] ing kangjêng paman | Radèn Suryakusuma sandika sarwi | nêmbah lèngsèr sing ngarsa ||

14. kawuwusa Tambakbaya Nyai | sampun prapta dalêm langênsêkar | tumamèng ngarsa gustine | nêmbah nawala katur | angandika sang rajaputri | iki layange sapa | tumêka maring sun | dene awanti kang sêrat | kang liningan umatur tunggile nguni | inggih saking Dyan Sukra ||

15. langkung wêlas kawula ningali | kala wau kawula lêledhang | kapanggih nèng lurung gêdhe | dhodhok sarwi kêkudhung | kula langkung dipun takèni | dupi ngakên kawula | yèn abdi sang ayu | kula nulya tinangisan | apitakèn ing jampine agring kingkin | kawula dèn bêbana ||

16. kinèn mêndhêt gantèn dalêm gusti | ingkang sampun munggèng pakêcohan | kula kinèn ngambilake | tinumbas sangang uku | kinèn antuk layoning sari | tinumbas tigang têngah | ing sasêlènipun | ujaripun Radèn Sukra | yèn wontêna irib-iribipun jawi | kadi sang lir kusuma ||

17. nging tan antuk iribnya sathithik | dalah lathi-lathine kewala | mêksa katog tan bisolèh | pasthi tan nandhang wuyung | lamun bisa ngong molih bibi | pangipèn sun tumingal | kadi sang dewa yu | upama dika angsala | gêpokêna ing sampeyane sathithik | dados pamurung pêjah ||

18. upamane awak kula bibi | yèn mungguha tatu kêna tumbak | tumimah-timah tatune [ta...]

--- 4: 147 ---

[...tune] | nuli liya kang nyatu | pasthi kumat ambabrah malih | tatune pitung cêngkang | jitahe pitung jun | yèn radèn ayunya tuwa | mung rong kesuk kari samataning pitik | sadina êngkas waras ||

19. pan makatên tangisipun gusti | ibu rama tan wontên sinambat | siyang dalu mung nah anggèr | akirang mangan turu | cahya anglong wêwah rêspati | anglir layon wratpuspa | saya layung-layung | yèn mèsêm kadya Arjuna | yèn ringgita kadi putra Dwarawati | baranyak kaduluran ||

20. lawan Kangjêng Pangeran Dipati | yèn mênggaha dados tiyang rucah | dhuh gusti dede puk-puke | kêncèt kaku alêngus | anyalunthang panastèn jail | abdi dalêm pun Sukra | gusti bagus tulus | lawan budinipun jêmbar | yèn ta mangke kalampahana angabdi | dhatêng ratu kusuma ||

21. sagung rayi-rayi dalêm gusti | pan binombong mrih angrêbat praja | pun Sukra dadya pamuke | wadya Mataram Kêdhu | wong Bagêlèn kinait sami | binêkta ngrurah kitha | angrabasèng pupuh | amêrêp ing Kartasura | yèn akanthi lawan rayi-rayi gusti | sasat kagêgêm ngasta ||

22. Radèn Sukra darbe wadya Bugis | gih punika andêling ayuda | pitung puluh panêkare | kajawi ramanipun | inggih darbe kang wadya Bugis | pun Sukra apratignya | yèn seda sang prabu | rakanta kangjêng pangeran | madêg nata pun Sukra tan sudi ngabdi | ngawula atur sêmbah [sê...]

--- 4: 148 ---

[...mbah] ||

23. pan gumujêng sang dyah ngandika ris | nora jamak atine Si Sukra | sagunung Lawu gêdhene | arsa mondhong maring sun | apa kêlar amikul bêdhil | mriyêm si păncawara | pinikula besuk | wringin kurung Kartasura | binêdhola kinarya sasrahan benjing | yêkti ragèngsun arsa ||

24. yèn dadia atine si baring | pantês lamun rinewangan gêndra | sêmbada lawan baguse | gantya ingkang winuwus | Radèn Suryakusuma prapti | ing dalêm kapugêran | gya tumamèng ngayun | manêmbah angaras pada | punang sêrat ingaturakên tumuli | tinampèn mring kang rama ||

25. tinupiksa têmbunge kang tulis | sêrat saking Pangeran Dipatya | putranta atur sêmbahe | katura ing pukulun | kangjêng paman ingkang pinuji | mahambêk santa budya | paramartèng wadu | dahat anuwun aksama | kamipurun putra ngaturi kintèki | wiyose tur uninga ||

26. aprakawis putranta samangkin | adhi ajêng alampah culika | duryasa awon tindake | aulah lambangsantun | lan pun Sukra alintu kain | myang surat-sinuratan | jêjarumanipun | punika Ni Tambakbaya | pan ing mangke kula sumăngga ing kapti | ya ta kangjêng pangeran ||

27. sawusira nupiksa kang tulis | para putra ngandikan sadaya | atarap munggèng ngarsane | pangran ngandika asru | hèh Sudira undangên aglis | kakangira Ni Lêmbah |

--- 4: 149 ---

sigra awotsantun | Radèn Sudira umentar | tan kawarna wus prapta ing langonsari | cumundhuk mring kang raka ||

28. radèn ayu angandika aris | lah adhi mas ana karyanira | kang rayi alon ature | inggih kula kautus | kangjêng rama kinèn nimbali | kangbok dhatêng paduka | sang dyah ngandika rum | dhimas linggiha sadhela | ingsun arsa awêwarta ipèn mami | duk bêngi sun anendra ||

29. pardikanên dhimas ipèn mami | sira yayi kang wasis sasmita | ingsun takon inya kabèh | nora ana kang wêruh | ipèn ingsun kangmas Dipati | katon jroning supêna | gawe larèn agung | jêrone sapuluh cêngkal | nging iline kang banyu buthêk aputih | ing kanane jêng rama ||

30. lawan kabèh kadang-kadang mami | padha dulu lêlarèn kang jêmbar | samya munggèng pêpinggire | nulya sira ingutus | marang rama jorogkên mami | lan dhimas Ăntawirya | klakon sun kalêbu | lan si bibi Tambakbaya | praptaning jro banyune tan ana kèksi | mung sêmut kang asmara ||

222. Asmaradana

1. ingsun yayi nuli tangi | mara iku jarwakêna | kang rayi alon ature | kawula dèrèng anduga | langkung èwêd punika | sigra na susulan rawuh | sang rêtna nulya umangkat ||

2. praptèng ngarsa atur bêkti | kang rama alon ngandika | babo putraningsun anggèr | sirèku laki bêndara | yèn ala andhêmana | aja gêgawa

--- 4: 150 ---

maring sun | miwah kadang-kadangira ||

3. sirèku ayu utami | ing praja tan ana memba | nanging ta kurang bêcike | pan wong agung nora kêna | yèn sira kilapêna | Radèn Ăntawirya sampun | winêling dhatêng kang rama ||

4. yèn kang raka wus sumiwi | kinèn mriksa ing tilamnya | Dyan Ăntawirya wus rawoh | pasarean ingupaya | gêguling binalengkrah | rêrêpi sampun kapangguh | dening Radèn Ăntawirya ||

5. Nyai Tambakbaya nuli | ngawêran tan kêna lunga | Radèn Ăntawirya age | umarak dhatêng kang rama | sampun prapta ing ngarsa | kang rama ngandika arum | wis nini sira muliha ||

6. sang rêtna lèngsèr wotsari | sarwi kumêmbêng kang waspa | nèng marga kasandhung alon | sapraptanirèng gêdhongan | êmban inya wotsêkar | sarwi nangis aturipun | matur rêrêpi kapanggya ||

7. Radèn Ăntawirya Gusti | punika ingkang ngupaya | sang dyah kumêpyur driyane | angrungkêbi gulingira | mangkya ingkang winarna | kang rêrêpi sampun katur | pinirsan dening kang rama ||

8. sadaya rasaning tulis | sumung-sumung kang wadana | asru ing pangandikane | baya wus karsaning Suksma | sun lingsêm saking putra | hèh Sudira anak ingsun | kakangira untapêna ||

9. matia sadina iki | kalawan Ni Tambakbaya | sira babarna patine | Rahadèn Suryakusuma | wiyang sajro wardaya | sigra lèngsèr saking ngayun | pra

--- 4: 151 ---

ari ngiring sadaya ||

10. kang para garwa nungkêmi | dyan ayu sêpuh taruna | amalangi ing karsane | sadaya anjrit karuna | suka atalang pêjah | jêng pangeran datan keguh | tinangisan ing pra garwa ||

11. nabda aja padha nangis | masa ta ingsun gingganga | sing pangampahira kabèh | tangisira tanpa ngrasa | mrih putra wèt nèng dunya | wuwuh kèh durakanipun | iku kêna ukumullah ||

12. yèn mati ing dina iki | ngakhirat dosane ilang | sigra têdhak mring panêpèn | kang garwa maksih karuna | ya ta kang kawarnaa | para putra prapta sampun | ing gupit kalangonsêkar ||

13. kang raka kagyat ningali | ingkang para ari prapta | ngandika hèh dhimas kabèh | ing kene padha linggiha | kang rayi samya lênggah | Radèn Sudira umatur | kakang bok kula dinuta ||

14. dhumatêng jêng rama nênggih | mundhut pêjah gêsang tuwan | dyan ayu kumêpyur tyase | waspa mijil ingusapan | ngandika pêgat-pêgat | sagung para arinipun | rinungkêban pangkonira ||

15. êmban pawongan lan cèthi | tanapi kang para inya | alara-lara sambate | wau Nini Tambakbaya | sampun nandhang pusara | kang tangis umyang gumuruh | asambat kalara-lara ||

16. wadya kapugêran sami | kagyat prasami sadhiya | ana ing paseban andhèr | wus kinunci regolira | sagung janma tan kêna | lumêbu ing sajronipun | warnanên [warna...]

--- 4: 152 ---

[...nên] wau sang rêtna ||

17. angandika èsmu tangis | paran gon ingsun suminggah | ing lêlakon kang mangkene | dene kangjêng rama nora | karsa aniti priksa | pawarta ngomyang ginugu | aturêna sêmbah ingwang ||

18. galat gangsul ingsun yayi | iya marang kangjêng rama | Radèn Ăntawirya age | umarêk marang kang rama | praptèng ngarsa wotsêkar | sadayane sampun katur | kang rama aris ngandika ||

19. iya sun apura kaki | ing lupute kakangira | ingkang marang ingsun dhewe | sun têdha marang Hyang Suksma | dosane kakangira | dèn apuraa ing lampus | ngakua umat Mukhamad ||

20. poma wêkas ingsun kaki | tuwin kadang-kadangira | yèn padha mandhêg tumolèh | gigu anguntapkên kadang | sun supatani padha | ingkang putra awotsantun | sampun lèngsèr saking ngarsa ||

21. wus prapta ing langonsari | rahadèn matur ing raka | kangjêng rama timbalane | yèn gigu anguntapêna | pra putra sinupatan | kang ibu prasami muwun | sang rêtna aris ngandika ||

22. wis yayi antinên dhingin | manira arsa kujamas | sang rêtna angatag age | biyang agawea lăndha | sang rêtna sigra têdhak | akujamas sawusipun | sang ayu anulya siram ||

23. nulya agêgănda wangi | kanaka wus rinampungan | katingal cêlong citrane | èsmu ijo sirat-sirat | sagung pra ibunira | samya ingaturan mêtu |

--- 4: 153 ---

saking gupit langonsêkar ||

24. êmban inya dèn undhangi | miwah kang para pawongan | kinèn mêdal sadayane | mung kantun Ni Tambakbaya | sagunging pra wanudya | wus anèng jawining pintu | kori kinunci tan mênga ||

25. Rahadèn Sudira aglis | anyandhak cindhe puspita | kang badhe kinarya nglawe | kang raka alon cinandhak | astane siji sowang | para putra arawat luh | kapêksa ajrih ing rama ||

26. Radèn Sasăngka mrêpêki | anyandhak Ni Tambakbaya | Radèn Dipatarunane | lan Radèn Wăngsataruna | ngampingi ingkang raka | anyêpêngi astanipun | kang kiwa ngusapi waspa ||

27. sang rêtna ngandika aris | adhiku kalumpukêna | Săngka miwah Sudamane | padha dèn parêk lan ingwang | sira padha dêlênga | wêkasan ingsun katêmu | lan yayi-yayi sadaya ||

28. sang rêtna waspanya mijil | mulat kang rayi sadaya | asêrêt pangandikane | wus dhimas padha karia | sun pamit marang sira | lamun ana luput ingsun | padha sira apuraa ||

29. sang dyah tukup wadana ris | nulya nganglungakên jăngga | cindhe wus tinalèkake | kiwa Radèn Ăntawirya | dene kang anèng kanan | Radèn Suryakusumèku | dupi arsa siningsêtan ||

30. sang rêtna ngandika aris | mêngko ta adhi sadhela | sun arsa mêmêkas manèh | aturêna sêmbah ingwang | marang ibu sadaya | lawan marang ing ipemu | kangmas kang kinanthi [ki...]

--- 4: 154 ---

[...nanthi] wirya ||

223. Kinanthi

1. lawan sêmbah bêktiningsun | marang kangjêng uwa aji | ingsun anuwun ngapura | dhingin ingsun dèn paringi | marang kangmas Adipatya | sêsotya amung rong rakit ||

2. yayi aturêna iku | lan rêtna cêpakanèki | miwah sela nêm kêmbaran | jumêrut nila widuri | iku sira aturêna | lan dhakon salaka putih ||

3. kêcike salaka pingul | rong atus bobot rong kati | iku uga aturêna | sagagragan papan cuki | iku ingkang ingsun gawa | cukine saparo rukmi ||

4. salaka saparonipun | padha bobot angrong kati | lawan cindhe wolung lirang | mung iku kagungannèki | sinjang lawan kasêmêkan | gon ingsun gawa pribadi ||

5. têlas ing wêwêlingipun | sang rêtna ngêningkên tokhid | wus awas ananing ana | tan samar marganing pati | ajumbuh paningalira | wus panggih kaanan jati ||

6. sang dyah jangganira manglung | cindhe puspita tinarik | kagyat pra ari sadaya | ngrungkêbi layon anangis | tan antara rinarămpa | pinrênah ujurirèki ||

7. de Ni Tambakbaya wau | apan sampun dèn suduki | pêjah ingkang kori mênga | kang para ibu gya prapti | miwah êmban lawan inya | samya lara-lara nangis ||

8. swaraning tangis gumuruh | marêk ngrama kang pra siwi | umatur sarwi karuna | ngaturkên raka wus lalis | kang rama pasrah ing

--- 4: 155 ---

Suksma | gêntia ingkang winarni ||

9. wadya sajawining pintu | miyarsa dede suwadi | lajêng sami baris tata | wadya kapugêran sami | sampun gumyah ing pawarta | lamun sang putri wus lalis ||

10. ya ta mangke ingkang ibu | ingiring kang para cèthi | tindak lumêbèng jro pura | arsa tur uningèng aji | anarka yèn dadya yuda | lan wadyane radyan patih ||

11. gêgancangan lampahipun | adharat dènnya lumaris | wus prapta sajroning pura | kawarnaa sri bupati | pinarak ing prabayêksa | kagyat praptane kang rayi ||

12. angandika sang aprabu | bok ipe de kadingarin | tawan tangis manjing pura | paran baya kang suwadi | baya kinon ing yayi mas | Dyan Ayu Pugêr tur bêkti ||

13. ngaturkên sakaliripun | miwiti malah mêkasi | kagyat wau sri narendra | têbah jaja ngandika ris | nora kayaa yayi mas | lagi tumon mung si adhi ||

14. akolu mring putranipun | măngka paribasannèki | ya sagalakane macan | nora kolu maring siwi | sang nata asru ngandika | gandhèk dhawuhêna aglis ||

15. dèn pêpak para tumênggung | sigra mentar kang tinudi[17] | pating balêbêr nèng marga | nimbali kang pra bupati | sampun prapta saha bala | nung-anung punggawa aji ||

16. para prawira gung-agung | măncanêgara pasisir | kang wisma nèng Kartasura | orêg wadya sanagari | ya ta mangke kawuwusa | Rahadèn [Ra...]

--- 4: 156 ---

[...hadèn] Sindurja Patih ||

17. myarsa gumyahing wadya gung | sampun uninga kang warti | baris wadya kasindurjan | rahadèn supe ing gusti | saking byat trêsnèng atmaja | Radèn Sukra kang winarni ||

18. sampun siyaga ing pupuh | Bugisira pitung dèsi | koprale aran Rarosah | jajar lan Kopral Janulin | wus abaris palataran | wadyanira radèn patih ||

19. nèng pasowan jawi kumpul | sêntana kaparak mantri | panèwu dêmang myang jaksa | Citramanggala tan kari | lawan Kyai Surajaya | ngrêrêpa aturirèki ||

20. adhuh gusti sampun sampun | kados makatên kang kapti | dèn emut lamun kawula | ya ta wau kyana patih | saking sru asih ing putra | alêgêg tan bisa angling ||

21. de Dyan Sukra solahipun | kadya macan dèn basahi | arsa manrang kadipatyan | pinêkak dipun jagèni | dhatêng kang para santana | ngadhuh ngêsah sambat mati ||

22. dhuh kusuma jiwaningsun | antènana ingkang dasih | ywa langkung ing wot siratal | ngantia dhatêng kang abdi | ing benjang tuntun-tuntunan | anèng wot si ogal-agil ||

23. kula gusti soroh amuk | tandhing lan Pangran Dipati | kawula agandhèng kunca | sumêdya aganti kêris | dhuh rama kula mit pêjah | yun manrang Pangran Dipati ||

24. anglangi watang myang ganjur | yuda lan putra nrêpati | paduka kantun wibawa | kang rama minggu tanpa ngling | saking sru wimbuhing driya [dri...]

--- 4: 157 ---

[...ya] | driya lir kalêbon wukir ||

25. dyan patih kèndêl lir tugu | kang putra tansah kinêmpit | ginubêl ing garwanira | kang putra dipun tangisi | mêlasasih sambatira | kangmas èngêta ing galih ||

26. tiyang duraka ing ratu | tan prayogi kang pinanggih | lan amêngsah kadang tuwa | rêbut balung tanpa isi | luwung anuwun ngapura | rumasa kalamun abdi ||

27. ya ta wau sang aprabu | têdhak dhatêng srimanganti | wadya jro pura sumahab | samêkta sikêping jurit | Saragêni Priyantaka | wadya pinilih nambungi ||

28. kartiyasa wisamartu | wong kanoman anisihi | nirbaya lan patrayuda | jagabaya mandhung wijil | gandhèk lawan mantri mudha | aglar nèng ngarsa sang aji ||

29. santana lan carik ngayun | jajar lan satriya mantri | sri narendra munggèng dhampar | mêngku duka sri bupati | kagagas raosing driya | tan kondur arsa nêdhaki ||

224. Durma

1. pra dipati jêjêl anèng panangkilan | măncanagri pasisir | Adipati Sampang | Dipati Surabaya | punggawa măncanagari | sawadyanira | ing alun-alun baris ||

2. Jêng Pangeran Adipati tan atêbah | lênggah cêlak sang aji | kalangkung bramatya | sang prabu angandika | kêbutna kang pra dipati | mring kasindurjan | tumpêsên ing ajurit ||

3. Ki Tumênggung Sumabrata atur sêmbah | kawula nuwun gusti | mugi kaparênga | ulun tur pamrayoga [pamra...]

--- 4: 158 ---

[...yoga] | kajawi karsa nrêpati | lamun sêmbada | wontêna karsa aji ||

4. animbali rumiyin rayi paduka | nênggih dyan ayu patih | dhumatêng jro pura | manawi sampun sowan | gampil rinabasèng jurit | ing kasindurjan | tan wontên kang dèn tolih ||

5. sri narendra kakênan unjukira Sang | Sumabrata Bupati | saksana dhêdhawah | dhumatêng Ni Wilaja | lan Ni Suwănda nimbali | rayi narendra | nênggih dyan ayu patih ||

6. kang ingutus nimbali sigra lumampah | lan sagung pra dipati | tuwin măncapraja | punggawa pasisiran | gumrêdêg lampahing margi | praptaning prênah | laju tata abaris ||

7. pan gumulung gêgaman muntab wurahan | ing kapatihan prapti | wau Ni Wilaja | lawan Nyai Suwănda | gêgancangan lampahnèki | kang balakuswa | sampun ngêpung bathithit ||

8. galedhegan kinêpung sampun akapang | Nyai Wilaja nênggih | lan Nyai Suwănda | wus prapta ing jro wisma | sampun winênganan kori | umanjing sigra | cundhuk lan kyana patih ||

9. duta kalih andhawuhakên timbalan | dhatêng rêkyana patih | pakênira tămpa | pangandikaning nata | garwanta dyan ayu patih | mangke ngandikan | dening sri narapati ||

10. Radèn Arya Sindurja jêtung kewala | sarwi mêngkul kang siwi | jêr Dyan Sukra dahat | kinasihan ing rama | dènira manggih duka ji | lamun kenginga |

--- 4: 159 ---

nêdya dipun talangi ||

11. dadya wau wagugên rêkyana patya | tan bisa anauri | sabda kang dhumawah | ya ta Nyai Suwănda | mring dyan ayu nabda aris | suwawi enggal | ngandikan rakanta ji ||

12. radèn ayu patih mangkat sigra-sigra | kerid caraka kalih | tan kawarnèng marga | prapta ing dalêm pura | kèndêl anèng sri manganti | ngarsaning nata | sigra mangsah nungkêmi ||

13. radèn ayu karuna mulat ing raka | dene siyagèng jurit | panarkaning driya | tamtu sangêt ing duka | ya ta ngandika sang aji | ing sabda kêras | sira balia nuli ||

14. amaraha ing lakinta Si Sindurja | yèn nêdya nêmu bêcik | lan uripe Sukra | enggal nuli sebaa | mangsaha ing ngarsa mami | yèn ora seba | ingsun ingkang nindaki ||

15. Radèn Ayu Sindurja nêmbah umêsat | praptèng dalêmira glis | kapanggih ing raka | Rahadèn Sindurêja | kang garwa lara anangis | ingkang timbalan | jêng raka sri bupati ||

16. lamun sira minta uripe Si Sukra | sebaa dipun aglis | yèn tan arsa seba | sangêt dukaning nata | akarsa têdhak pribadi | karsa ngambila | ing pêjahira kalih ||

17. lah ta payo manira kinon ngirida | ya ta rahadèn patih | langkung dènnya kewran | têmah anut ing garwa | anêsêp-nêsêp ing siwi | êmbunanira | karia sira gusti ||

18. ingsun suwunakên apura ing nata | umangkat radèn [ra...]

--- 4: 160 ---

[...dèn] patih | lawan ingkang garwa | samya dharat kewala | wus prapta ing păncaniti | sigra ngandikan | lumêbu ing jro puri ||

19. Sumabrata kinèn mapag kamandhungan | kalawan para mantri | kaparak sadaya | wus panggih lan rahadyan | dhuwunge pinundhut aglis | rahadyan patya | kinubêng ing prajurit ||

20. pan rinêksa munggèng kori kamandhungan | dening kaparak abdi | ya ta kawarnaa | pating blêbêr utusan | para mantri saking puri | ngêmban timbalan | gandhèk awanti-wanti ||

21. Adipati Urawan lan Kandhuruan | Sukra kinèn matèni | lan sang adipatya | ing Sampang kadhawuhan | Rahadèn Sukra winarni | saungkurira | kang rama tutup kori ||

22. wus amisah wadyabala kasindurjan | namung kari wong Bugis | satus winatara | wongira Radèn Sukra | nèng palataran abaris | pating jalemprak | bangkilung naut rawis ||

23. yèn wontêna pangajane Radèn Sukra | ngamuk wong Katawani[18] | Janulin Rarosah | kopral andêling yuda | nanging tan sinung mêtoni | mring Radèn Sukra | mung ngrêksa dalêm puri ||

24. dadya kewran Ki Adipati Urawan | arsa ginêcak wani | kang para punggawa | prawira datan rêmbag | gandhèk prapta wanti-wanti | saking jro pura | angenggalakên pati ||

25. langkung èmêng Ki Adipati Urawan | miwah para bupati | pan arsa kinasab |

--- 4: 161 ---

wonge Bugis akathah | karya rusaking wong cilik | yèn angamuka | têmah akèh pêpati ||

26. wadya ingkang baris lor kulon punika | Dêmak lan Surawèsthi | wong Madura wetan | kidul wong Kartasura | kang baris lor marêpêki | arsa dèn rangsang | sinipat dening bêdhil ||

27. sami mundur kang baris wetan angrangsang | bubar sinipat bêdhil | sigra ingundhangan | aja na wong kang ngrangsang | dèn ipuk sangkaning aris | manawa kêna | rêmbag para bupati ||

28. ya ta wontên wong tuwa ing kasindurjan | lênggah mantri panumping | aran Măndaraka | kaprênah naking-sanak | kalawan rahadèn patih | sigra umarak | mring Urawan Dipati ||

29. alon matur inggih sabarna sakêdhap | kula ingkang nglêbêti | ambujuk pun Sukra | amrih ing kênanira | Ki Urawan sukèng galih | ingidèn sigra | saksana gya lumaris ||

30. ya ta nulya wau Kyai Măndaraka | lajêng asèlèh kêris | sigra mènèk bata | Kiyai Măndaraka | praptèng nginggil dèn uluri | wus praptèng ngandhap | sami kagyat ningali ||

31. Radèn Sukra samana mangku talêmpak | ingayap wadya Bugis | kagyat duk umiyat | praptane ingkang paman | Ki Măndaraka anangis | dhuh sutaningwang | kaya pa sira gusti ||

32. nora ngeman marang wong atuwanira | uwakira nèng jawi | Dipati Urawan | dhawuhakên [dhawuha...]

--- 4: 162 ---

[...kên] timbalan | yèn sira tobat sayêkti | pan ingapura | ing pungkurira sang sri ||

 


anyar. (kembali)
Biasanya guru lagu a: pitrah. (kembali)
wus. (kembali)
kurang. (kembali)
trustha. (kembali)
jangkar. (kembali)
Wiranagara. (kembali)
Dêmang. (kembali)
ngarsi. (kembali)
10 nêmbah. (kembali)
11 Ajêng. (kembali)
12 wartosipun. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: mring rama tan sinapa. (kembali)
14 nandêr. (kembali)
15 mung. (kembali)
16 aparinga. (kembali)
17 tinuding. (kembali)
18 Kartawani. (kembali)