53. Asmaradana
1. kalawan lolose nguni | saking nagri Kartasura | kaping sakawan mangsane | samana sampun kapanggya | dhatêng Kênol Kapitan | sigra têtabean kukuh | bage-binage kaarjan ||
2. nulya kang rêrepot sami | karumiyinkên lampahnya | jujug Ki Rôngga wismane | pangeran lawan kapitan | sigra budhal sarêngan | saking Paterongan daut | anitih [ani...]
--- 240 ---
[...tih] kreta gumêbyar ||
3. ginarêbêg ing prajurit | lan drahgundêr wolung dasa | praptaning Sêmarang rame | ingurmatan ungêlira | ing mriyêm lan sanjata | binarung ungêling tambur | tanapi ingkang pradôngga ||
4. pangran anjujug ing loji | nulya têdhak sing kareta | tabean lan pra upsire | sampun tata samya lênggah | nulya Kênol Kapitan | alon dènira umatur | dhuh kangjêng pangran tur kula ||
5. sarawuh tuwan Sêmawis | kula lan Kumpni sadaya | raosing manah pan kados | amanggih êmas saarga | lan malih jêng pangeran | Kumpêni upaminipun | mina kasatan ing toya ||
6. sampun lami tan tuk warih | ing mangke kalaban toya | paduka kang minôngka we | saklangkung asrêp lan nikmat | raosing manahira | jêng pangran suka umanthuk | ngandika sampun katrima ||
7. nulya Ki Rôngga nabda ris | dhumatêng Kênol Kapitan | sudara ing prayogine | kangjêng pangeran punika | dènira lêlênggahan | nèng riki ywa dangu-dangu | sabab mêntas alêlampah ||
8. sangêt sayahira masthi | prayogi nuntên lêrêba | ing griya kula samangke | dene sagunging prakara | kula ingkang angrêmbat | ing majêng lan unduripun | tan susah kangjêng pangeran ||
9. ya ta jêng pangeran gipih | nulya têdhak saking prênah | Kaptin Kênol ngêtêrake | praptèng wismanya Ki Rôngga | kapanggih sampun tata | Ki Rôngga ngaturkên sampun |
--- 241 ---
bale wisma ingênggenan ||
10. Ki Rôngga nyanggrah ing jawi | pra putra tuwin abdinya | jêng pangeran sadayane | wus pinrênah sowang-sowang | tan ana kêkurangan | Kapitan Kênol umuwus | Ki Rôngga wêkas manira ||
11. sira dèn angati-ati | rumêksa kangjêng pangeran | ywa na kurang mubarange | kalamun ana Walônda | ingkang gêndhak sikara | mring pangeran dasihipun | dèn kêbat sira cêkêla ||
12. nuli atêrna mring loji | ri sampunira mêmêkas | kapitan gya mulih age | ya ta ingkang kawarnaa | Rôngga Yudanagara | apirêmbagan ing dalu | kalawan kangjêng pangeran ||
13. Mas Rôngga umatur aris | gusti yèn suwawèng karsa | lêhêng utusana age | dhatêng nagri Batawiah | amawia nawala | jêng paduka mundhut tulung | dhumatêng gurnadur jendral ||
14. Jêng Pangeran Adipati | Pugêr alon wuwusira | hèh sutèngsun ing samêngko | ingsun suthik anglairna | ujar ingkang mangkana | yèn tan ana tandhanipun | iya ing awak manira ||
15. nadyan utusana mami | yèn wus prapta kang ubaya | yayi Dipati Sampange | lan Tumênggung Surabaya | myang pasisir samoa | ing tanah bang wetan kumpul | ginawa maring Sêmarang ||
16. Mas Rôngga matur wotsari | kasinggihan jêng paduka | yèn makatên prayogine | gusti kawula kengkenan | dhatêng nagri ||
--- 242 ---
ing Sampang | tuwin dhatêng Surèngkewuh | angenggalakên lampahnya ||
17. Pangeran Pugêr nauri | lah masa bodhoa sira | ngong pracaya ing dhèwèke | amung adhi Cakraningrat | kang wus mulih mring Sampang | nging adhi Jangrana iku | misih anèng Kartasura ||
18. Mas Rôngga umatur malih | pukulun atus kawula | manawi tuwan ing têmbe | tulus jumênêng narendra | sing panuwun kawula | siti urut marga sèwu | dadosa lênggah kawula ||
19. jêng pangeran ngandika ris | sutèngsun aja sumêlang | mungguh panuwunmu kuwe | Mas Rôngga Yudanangara | langkung dènnya mangrêpa | manêmbah anulya mêtu | amatah ing wadyanira ||
20. dinuta dhatêng ing nagri | Madura mêdal sagara | wus binêktan surat age | caraka gya lumaksana | tan kawarna ing marga | mangkya gênti kang winuwus | nênggih wadya Kartasura ||
21. ingkang ambêbujêng sami | dhatêng Pangran Pugêr ngunya | sampun wangsul sadayane | dhumatêng ing Kartasura | gya seba ing sang nata | angaturkên tiwasipun | Pangran Pugêr tan kacandhak ||
22. sarta sampun dèn tadhahi | dhatêng Kumpêni kalihan | Ki Rôngga pinêthukake | margi lajêng tinulungan | binêkta mring Sêmarang | sang nata duk myarsèng wuwus | kalangkung ing dukanira ||
23. duk samana amarêngi | ing tanah rêdi kidulan | wontên kraman karya rusoh | anama pun Wirawôngsa | dupi katur sang nata | sigra dhêdhawah sang
--- 243 ---
prabu | dikakkên glurugi enggal ||
24. kang ingagnyan sampun sami | lumaksa sakancanira | tuwin sagung gêgamane | tan winarna laminira | karaman Wirawôngsa | sampun kasoran ing pupuh | sarta lajêng pinêjahan ||
25. nulya kang samya nglurugi | kraman Dyan Suryakusuma | dhatêng ing Kartasurane | sarta Dyan Suryakusuma | kabêkta binronjongan | sapraptaning Kartapurun | radèn lajêng kinunjara ||
26. pakunjaranira mawi | linuruban rajut marma | mangkana ing pawartose | wau Dyan Suryakusuma | kalangkung sêktinira | supados sampuna ucul | saking jroning pakunjaran ||
27. mangkya kawarnaa malih | kengkenanira Ki Rôngga | ing nagri Sampang wus rawoh | sampun ngaturkên nawala | ya ta mangke Pangeran | Cakraningrat dupi sampun | maos sêrat sing Sêmarang ||
28. sakalangkung sukèng galih | gya prentah karya pratôndha | ing pambalikira mangke | anêlukakên têtiyang | saurutirèng nuswa | ing Madura sampun têluk | tan ana suwalèng driya ||
29. saksana misuwur saking | nagari ing Kartasura | yèn Pangran Sampang ing mangke | balela balik tingalnya | gya Tumênggung Jangrana | nyuwun pamit ing sang prabu | asêngadi aturira ||
30. bilih badhe anjagèni | nagrinya ing Surabaya | wus linilan ing sang katong | nulya Tumênggung Jangrana | sigra budhal sabala | gêgancangan lampahipun |
--- 244 ---
anjujug ing nagri Sampang ||
31. samana sampun kapanggih | lan Pangeran Cakraningrat | gya rêrangkulan kalihe | kalangkung bingahing driya | sang pangeran ngandika | kakang bangêt kangên ingsun | mring sira sarta sumêlang ||
32. Ki Jangrana anauri | kalangkung panuwun kula | de kula ing salamine | paduka tilar punika | ing sabên-sabên sowan | ing sang prabu tansah ulun | angatos-atos ing driya ||
33. nulya Ki Jangrana aris | nyariyosakên kalanya | Jêng Pangeran Pugêr lolos | ingkang tinuduh sang nata | nyenapatèni wadya | baris ingkang ambêburu | punika priyangganira ||
34. Pangeran Sampang duk myarsi | nulya gumujêng angakak | sarya alon ngandikane | wus dilalah kang tinêdah | amburu têka sira | Pangran Pugêr lakunipun | masa bisaa kacandhak ||
35. Ki Jangrana muwus malih | kalih dene sapunika | cahyanipun sang akatong | kula sawang sampun ical | warninira apêthak | kadi Cina nuju murus | angêlub-êlub warnanya ||
36. pangeran angakak malih | dangu anggènira samya | gêgujêngan sakalihe | angraosi awonira | ing wau sri narendra | nulya sami apirêmbug | pangeran alon ngandika ||
37. kakang karêp ingsun mangkin | ingsun arsa nonjok layang | marang Si Surapatine | iya sun asungi wikan | yèn ingsun bakal ngangkat | Natèng Pangran Pugêr
--- 245 ---
iku | paran mêngko karêpira ||
38. apa bakal mitulungi | ing sang prabu apa iya | tumambuh bae dhèwèke | samangsane dhèwèkira | nêdya mitulungana | mring Kartasura sang prabu | ing Pasuruan sun gêcak ||
39. mrih aywa ngregoni pikir | dene yèn Si Surapatya | apitambuh ing bab kuwe | iya sukur sun tarima | Ki Tumênggung Jangrana | ing pirêmbug wus jumurung | tan mawi maoni karsa ||
40. Pangran Cakraningrat nuli | utusan dhatêng Pasruan | tan winarna ing lampahe | kang caraka sampun panggya | dhatêng Ki Surapatya | wus katampèn suratipun | sarta sampun winangsulan ||
41. suraos wangsulannèki | prakawis ing karsanira | Pangeran Cakraningrate | dènnya yun ngadêgkên nata | ing Pangran Pugêrira | punika priyangganipun | tan purun tumut-tumutan ||
42. sabab arêbatan nagri | sami ingkang kawajiban | amung mangke panuwune | pun Surapati Pasruan | kewala aywa ngantya | kaungkih-ungkih rinêbut | margi wus dadi meliknya ||
43. ya ta Pangran Sampang dupi | sampun maos punang surat | saklangkung lêga galihe | gya nabda mring Ki Jangrana | mangkana sabdanira | kakang muliha dèn gupuh | sira marang Surabaya ||
44. siyagaa ing ajurit | sartane angirupana | nagara kiwa têngêne | yèn ana uwong kang bôngga | aja wèh ingapura | nuli gêcêkkên dèn gupuh | aywa ngapindho ing karya ||
45. nagri kang urut [u...]
--- 246 ---
[...rut] pasisir | besuk yèn umangkat marang | Sêmarang bae sinampe | iya ambari lumampah | Ki Tumênggung Jangrana | inggih lajêng budhalipun | sing Sampang mring Surabaya ||
46. saprataning Surawèsthi | wau Tumênggung Jangrana | lajêng nêluk-nêlukake | nagri ingkang cêlak-cêlak | kathah kang nungkul samya | mung Lamongan kang tumênggung | lumayu mring Kartasura ||
47. Ki Jangrana nulya ngrakit | gêgamanira ing yuda | sampun kathah bêbalane | watara na tigang nambang | têtindhihirèng bala | katri rayi-rayinipun | anama Jayapuspita ||
48. kalih Kartayuda tuwin | katiganya Surèngrana | dupi sampun rakit kabèh | nulya bidhal mêdal dharat | Ki Tumênggung Jangrana | lampahira mêdal laut | sarêng lan Pangeran Sampang ||
49. kunêng kang lampah jaladri | ya ta malih winursita | Tumênggung Lamongan mangke | plajêngira praptèng praja | ing Kartasura tandya | sowan matur ing sang prabu | ngaturkên yèn Ki Jangrana ||
50. ambalik mêngsah sang aji | gotong lan Pangran Cakrèngrat | nêdya byantoni karsane | ing Pangeran Pugêr mangkya | sampun bidhalkên wadya | sakapraboning prang pupuh | dhumatêng nagri Sêmarang ||
51. sang nata dupi miyarsi | ing atur ingkang mangkana | sakalangkung ing dukane | kaworan sungkawèng driya | sigra wau parentah | sakathahing pra tumênggung | pasisir kinèn mantuka ||
52. anjagèni kang nagari | sowang-sowang prajanira | sarta wau sang akatong [aka...]
--- 247 ---
[...tong] | anglampahakên bupatya | Tumênggung Mandurêja | lan Wirasêtra Tumênggung | katiga Ki Wirawôngsa ||
53. kinèn ambantu mring nagri | ing Dêmak sabalanira | de kang binantokkên katong | dhatêng ing nagari Têgal | Arya Banyakwidheka | lawan Toyamas Tumênggung | kang mring Kaliwungunira ||
54. santana ji saking umi | anama Pangran Balitar | akanthi bupati loro | anama Ki Mangkuyuda | lawan Ki Natayuda | wus samya budhal sadarum | sabalanya sowang-sowang ||
55. nulya wau sri bupati | anglampahakên utusan | Ki Ôntagopa namane | maringi srat mring Kapitan | Kênol nagri Sêmarang | suraosira sang prabu | amundhut bujênganira ||
56. Pangeran Pugêr kang nami | Ki Ôntagopa samana | enggal mangkat sing prajane | tan winarna lampahira | ya ta nagri Sêmarang | wontên duta ingkang rawuh | saking nagri Batawiah ||
57. ambêkta kapal kêkalih | dutane gurnadur jendral | prapta ing Sêmarang mangke | wus panggih lan jêng pangeran | karsanya tuwan jendral | jêng pangran ngaturan rawuh | dhatêng nagri Batawiah ||
58. jêng pangeran ngandika ris | mring Rôngga Yudanagara | iku dudu karsaningong | tindak maring Batawiah | tamtu mêngko wong Jawa | tan ngandêl marang ing ingsun | muwah kang para punggawa ||
59. pasthine anrêka sami | mring ingsun kênèng pilara | anak prabu panggawene | amidosa ing manira | marma ingsun tan arsa | Mas [Ma...]
--- 248 ---
[...s] Rôngga alon umatur | lêrês ing karsa paduka ||
60. nulya Jêng Pangran Dipati | Pugêr malih angandika | hèh sutèngsun sira bae | manira du lan Walônda | maringa ing Jakarta | dadia sêsulih ingsun | nanggunga sakèh bicara ||
61. Mas Rôngga matur wotsari | kawula nuwun sandika | sampun prapta ing sakite | sanadyan dhatêng ing pêjah | kawula tan lênggana | namung kula darbe atur | wingking kanthia prayitna
54. Kinanthi
1. benjing ing sapêngkêr ulun | yèn tuwan dipun aturi | dhumatêng Kênol Kapitan | pinarak dhumatêng loji | jêng pukulun sampun tindak | lamun kapitan jêng gusti ||
2. badhe andarbèni atur | bicara kang kathah kêdhik | jêng pukulun sampun karsa | inggih sêngadia gusti | ngantosi sadhatêng kula | sadayanipun prakawis ||
3. sampun kawrat dhatêng ulun | paduka tan ngudanèni | nabdaa sakèh bicara | Si Rôngga kang sun bubuhi | jêng pangran aris ngandika | sutèngsun iya prayogi ||
4. aja sumêlang ing kalbu | klakona sêdyanirèki | sutèngsun sawêkasira | Ki Rôngga malih turnèki | lan malih sapêngkêr amba | tumênggung ing Surawèsthi ||
5. myang Dipati Madurèku | paduka prih madêg baris | lawan damêla pratôndha | yèn balela ing nrêpati | supados suyud sadaya | mring paduka [pa...]
--- 249 ---
[...duka] pra dipati ||
6. gusti ing watawis ulun | rinta ing Sampang Dipati | ngadêg ing kasuranira | lan Tumênggung Surawèsthi | tiyang pasisir bang wetan | pasthi sadaya kinêrig ||
7. mring Dipati Sampang anut | sagunging môncanagari | bang wetan tan wontên nôngga | ananggulang ing ajurit | yudane wong Surabaya | agagah prakoswa wani ||
8. lawan sami têguh-têguh | santananipun prasami | mila gusti makatêna | dados ènthèngipun benjing | bicara lawan Walônda | yèn kula praptèng Batawi ||
9. pangeran ngandika arum | sutèngsun watara mami | yayi dipati ing Sampang | kaya nora ngapirani | iya ing sapungkurira | mungguh pangadêging baris ||
10. yèn Hyang Kang Amurwèng Pandum | asih marang ingkang dasih | tumênggung ing Surabaya | kaya nora anyidrani | Mas Rôngga matur wotsêkar | kawula ngaturkên bêkti ||
11. katur paduka pukulun | awarni kancana adi | pitung kati wawratira | lan reyal rong èwu ringgit | kadamêl tumbas busana | kaprabon jumênêng aji ||
12. wontên Sêmarang pukulun | jêng pangeran ngandika ris | sutèngsun luwih tarima | pawèwèhira mring mami | samêngko ingsun angganjar | iya marang ing sirèki ||
13. êmas lan reyal puniku | karyanên sangu lumaris | têlungane awak ingwang | ingkang ana ngomah mami | lah pirabara ing benjang | ana pitulung
--- 250 ---
Hyang Widi ||
14. sapungkurira lumaku | Mas Rôngga sigra wotsari | budhal tandya numpak palwa | wau Mas Rôngga Sêmawis | asangu reyal salêksa | langkung kalih èwu ringgit ||
15. budhal sing Sêmarang nuju | Mukharam pitu marêngi | ari Rêbo wanci enjang | sigra alayar tumuli | sarêng lan utusanira | Gurnadur Jendral Batawi ||
16. satêngah côndra nèng laut | wus prapta nagri Batawi | nèng pondhokan wolung dina | Mas Rôngga bicara wiwit | dhatêng kitha Intên mangkya | gurnadur sampun andugi ||
17. yèn Rôngga sêsulihipun | pangran kang anèng Sêmawis | ya ta wau pinanggihan | Jendral Hurpèk Hudimani | para radpêni ngandikan | sadaya wus sami prapti ||
18. kalih wêlas munggèng ngayun | lajêng bagèkakên sami | mring Rôngga Yudanagara | wusira mangkana nuli | majêng ngaturkên nawala | kang srat sampun dèn tampèni ||
19. dhumatêng tuwan gurnadur | binuka sinuksmèng galih | lajêng wau kinurmatan | sanjata gêng ambal kaping | sapta laju Ki Mas Rôngga | tinundhung mring pondhok kriyin ||
20. kacarita pitung tèngsu | Mas Rôngga anèng Batawi | langkung ruwêd kang bicara | dènnya arsa amancasi | para radpêni sadaya | bicaranira pradondi ||
21. mila dadya laminipun | Mas Rôngga anèng Batawi | ingkang dadya ruwêdira | dene wus kasusrèng warti | Pangeran Pugêr prawira |
--- 251 ---
sudibya kuncara sêkti ||
22. marang ing Walônda purun | ing uni sampun matèni | ring Tak milwa Surapatya | ya ta kawarnaa enjing | Ki Mas Rôngga tinimbalan | dhumatêng para radpêni ||
23. sampun prapta munggèng ngayun | pra radpêni muwus aris | hèh Rôngga Yudanagara | sira awaking Kumpêni | mêngko ingsun todhi sira | tutura ingkang sayêkti ||
24. aja sisihên sirèku | tuwan gurnadur tan apti | karya ratu mring pangeran | Adipati Pugêr iki | krana wus alabêt ala | kang sapisan wus nglakoni ||
25. dadi kraman gawe rusuh | Sunan Ngalaga wêwangi | sarta matèni Walônda | kapindhone ngumum ugi | duk patine Kapitan Tak | iku Pangeran Dipati ||
26. Pugêr ingkang atêtulung | mring Si Surapati nguni | apa tan nyata mangkana | dadya wus cidra ing galih | karsane gurnadur jendral | tanapi kang pra radpêni ||
27. yèn dhasar ingkang sinuhun | Mangkurat Mas Ratu mangkin | têtela nora anêdya | têpung bêcik mring Kumpêni | luwih bêcik ngupayaa | darah Mataram lyanèki ||
28. kang yogya ingangkat ratu | mung Pangeran Pugêr iki | aja pinrih dadi nata | Ki Rôngga mèsêm turnya ris | tuwan sing dhawuh paduka | punika inggih sayêkti ||
29. nanging tan lêrêsi niku | sabab ing kalanirèki | Pangran Pugêr nama Sunan | Ngalaga punika margi | rêbatan nagri kalihan | sadhèrèkira pribadi [priba...]
--- 252 ---
[...di] ||
30. de Wlandi kang samya lampus | sajroning prang punika wit | têtulung Sunan Mangkurat | sarta duk pêjahirèki | Kapitan Tak ing samana | punika inggih sayêkti ||
31. saking Pangran Pugêr wau | nanging pangran anglampahi | parentah Sunan Mangkurat | rèhning pangran wau ngabdi | ajrih yèn tan nglampahana | sabarang rèhira aji ||
32. dene ta samangke lamun | tiyang Kumpêni tan apti | anjunjung dadi narendra | tuwin tan hyun anjurungi | tamtunipun sang pangeran | jumênêng nata pribadi ||
33. sabab kang sarira sampun | darbe andêl-andêl jurit | prawira Pangeran Sampang | kanthi tiyangira nênggih | sapulo nagri Madura | lan Tumênggung Surawèsthi ||
34. tanapi tiyang saurut | pasisir sadaya nênggih | sampun suyud sadayanya | sumarma jêng pangran yêkti | kuwawi yèn angrêbata | karaton ing Kartawani ||
35. tan susah mawi bêbantu | ing tiyang Kumpêni malih | kang sarira sampun rosa | de kala lolosirèki | sing Kartasura karsanya | sumêdya mring Dêmak nagri ||
36. wontên ing riku gènipun | arsa jumênêng nrêpati | têdhakipun ing Sêmarang | kawula ingkang ngaturi | atur kula jêng pangeran | mundhuta tulung Kumpêni ||
37. mrih Kumpêni wingkingipun | sagêda kèringan tuwin | angsala ing kauntungan | makatên panêdya kami | satuhu atur kawula | tan mrih
--- 253 ---
gêgirisi galih ||
55. Girisa
1. sarèhning ulun rumasa | ing Kumpêni pitayanya | dados ing sabisa-bisa | mrih Kumpêni untungira | margi kula kinawula | punapa walês kawula | mila sru atur kawula | jêng pangran dadosnya nata ||
2. anging lamun sri paduka | jêng gurnadur mêksèng driya | tan arsa jumnêngkên nata | mring kangjêng pangran punika | sayêkti kawula datan | purun wangsul umantuka | dhatêng ing Sêmarang praja | lajêng wisma ing Jakarta ||
3. suka tumêkèng pralaya | sabab kula jrih tinarka | angubungi anggènira | jêng pangran jumênêng nata | tur sèstu masa wandea | dènira yun madêg nata | Jêng Pangran Pugêr punika | de sampun dados karsanya ||
4. ya ta Sang Gurnadur Jendral | tuwin kang pra rad sadaya | tan wontên malih wacana | samya umindêl sadaya | saksana wau Ki Rôngga | anulya dipun kunjara | ginêdhong ing laminira | kacriyos salikur dina ||
5. lan ing sabên-sabên dina | winêdalkên sing kunjaran | katodhi awantya-wantya | anging Ki Rôngga akêkah | ing aturira tan ewah | têtêp lir paturan ngarsa | tan ketang praptèng antaka | yeka sing gênging trêsnanya ||
6. mring Pugêr Pangran Dipatya | kang tansah kaciptèng nala | mila tan ajrih pralaya | Ki Rôngga tuhu prawira | ya ta wusnya slikur dina | Ki Rôngga gya linuwaran | tinimbalan munggèng ngarsa- | nira Jêng Gurnadur Jendral ||
7. sapraptanira
--- 254 ---
ing ngarsa | pra radpêni wus sanega | nabda hèh sira Ki Rôngga | mêngko ingsun tanyèng sira | Kumpêni lamun ngadêgna | mring Pangeran Pugêr ika | dadi ratu tanah Jawa | apa kang dadi untungnya ||
8. Mas Rôngga alon aturnya | tuwan ing katur kawula | ingkang dados untungira | mênggahing kang saprakara | Kumpêni lan Ratu Jawa | têtêp sami amêmitran | dene kaping kalihira | prajanjiane kang raka ||
9. punika têtêp badhenya | Carêbon lawan Pasundhan | tanapi ing Pamêkasan | têtêpipun mring Walônda | dene kaping tiganira | Kumpêni gadhah kuwasa | ing pasisir tanah Jawa | ngriku dèn kawasanana ||
10. sakathahira wong sabrang | tan kenging benjang angambah | yèn botên aminta lila | ing tuwan gurnadur jendral | dèrèng dugi aturira | kasaru wontên kang prapta | saking Sêmarang Kapitan | Kênol lan kumêndurira ||
11. kalihe atur uninga | mring tuwan gurnadur jendral | lan sagung para kawala[1] | yèn tanah Jawi samangkya | cawêt aru-aranira | pasisir wetan sadaya | sami ngadêg barisira | anglawan ing Kartasura ||
12. punggawa suyud sadaya | mring Pangran Pugêr Dipatya | kang dadi panutanira | adipati ing Madura | lan Tumênggung Surabaya | de kang misih nut ing nata | amung ing Dêmak nagara | Kaliwungu miwah Kêndhal ||
13. tanapi ing Pakalongan | mangkya wong ing Kartasura [Karta...]
--- 255 ---
[...sura] | kyèh nusul dhatêng Sêmarang | kalayu mring sang pangeran | manawi pun Surapatya | tumut analabung yuda | mila prayogi jinaga | sampun kirang ing wiweka ||
14. de pangeran ing Madura | mring Sêmarang wus utusan | ngaturi prajuritira | pangeran kang baurêksa | kalih èwu winatara | lan Tumênggung Surabaya | utusannya sampun prapta | atur prajurit kang jaga ||
15. kalih èwu kathahira | Pangeran Pugêr samangkya | ingaturan madêg nata | anèng Sêmarang nagara | nanging pangeran tan arsa | ngantosi utusanira | kang mring Batawi Mas Rôngga | Yudanagara kinarya ||
16. manggala sagung bicara | mila sru ingarsa-arsa | ya ta jêng gurnadur jendral | sakala lajêng pirêmbag | lan pra radpêni samangkya | wus sami rêmbag sadaya | antawis ing tigang dina | Mas Rôngga Yudanagara ||
17. tinimbalan umanjinga | ing loji agêng samana | sapraptanira mas rôngga | kinurmatan pira-pira | unine ponang sanjata | anglir pendah gêlap sasra | Mas Rôngga sinungan trima | kasih de gurnadur jendral ||
18. marga saking aturira | inganggêp têmên pasaja | tan wigih dening dêduka | têmah ngantya kinunjara | maksih têtêp aturira | nulya gurnadur ngandika | wis rôngga samêngko sira | mring Sêmarang umuliha ||
19. Ki Rôngga matur sandika | nulya lèngsèr saking ngarsa | gurnadur atur rêruba [rêru...]
--- 256 ---
[...ba] | mring pangeran warna-warna | sakalangkung kathahira | busana kang adi mulya | pèni-pènine kawarna | lawan angaturi wadya ||
20. prajurit sabrang mawarna | Bugis Têrnate Sumbawa | Ambon tanapi Mêkasar | kalih èwu kathahira | saprabotirèng ayuda | sagung kasrah mring Mas Rôngga | antara ing tigang dina | dyan ingangkatakên nulya ||
21. budhal mring Sêmarang sigra | Mas Rôngga sarêng angkatnya | kalawan Kênol Kapitan | tanapi kumêndurira | tan winarna lampahira | lastantun praptèng Sêmarang | anulya wau Ki Rôngga | sowan umarêk ing ngarsa- ||
22. nira Jêng Pugêr Pangeran | sigra manguswa padanya | sinabdan bagya ta sira | sutèngsun sapraptanira | Ki Rôngga nêmbah turira | sing pangèstu jêng paduka | wilujêng lampah kawula | punika kawula bêkta ||
23. pakintun saking Jakarta | atur-aturipun tuwan | Gurnadur Jendral Jakarta | warni lêlêmês busana | sakalangkung adi mulya | lan pèni-pèni mawarna | tuwin binêktanan wadya | prajurit sabrang maneka ||
24. Bugis Têrnate Sumbawa | Ambon tanapi Mêkasar | kalih èwu kathahira | saprabotirèng ayuda | sagung katur jêng paduka | saksana wau Ki Rôngga | ngaturkên lêlampahannya | ing purwa madya wasana ||
25. ingaturkên sadayanya | jêng pangran dupi miyarsa | ing aturira Ki Rôngga | kalangkung wêlas ing driya | sarta sru angalêmbana |
--- 257 ---
dening tatag titisira | ing wicara tan rêringa | ngantya prapta kinunjara ||
26. ingandhêman ujarira | wasana pangran ngandika | bangêt tarima manira | ing antêpe atinira | dèn ta trêsna mring manira | ngong rumasa kapotangan | bêcik marang sira uga | mêngko ingsun durung bisa ||
27. umalês mring pakênira | manawa ing wurinira | kêna sira arsa-arsa | wêwalês ingsun mring sira | Ki Rôngga nuwun aturnya | mangkya tan antara lama | nulya na nawala prapta | saking ing Batawi praja ||
28. mring Kumisaris Sêmarang | Ki Rôngga nulya ngandikan | dhumatêng ing loji môngka | wakilira jêng pangeran | awit saking aturira | Ki Rôngga wau tan suka | jêng pangeran kapanggiha | pribadi lawan Kumpênya ||
29. mrih ywa kenging dèn pangangkah | sapraptanira Ki Rôngga | sigra tinêdahan sêrat | karampungan sing Batawyah | yèn gurnadur lan para rad | wus sami ngidini dènnya | arsa jumênêng narendra | Pangran Pugêr sartanira ||
30. sagah mitulungi ngyuda | nging darbe panuwun praja | ing Dêmak miwah Japara | tanapi ing Têgal sarta | nyuwun têtêmpah rêginya | tiyang Kumpêni yèn ana | kang pêjah madyaning rana | lan wragad sajroning yuda ||
31. tanapi badhe janjinya | tiyang Kumpêni kalawan | narendra ing nusa Jawa | tinêdahkên mring Ki Rôngga | Ki Rôngga wangsulanira | mênggah sadaya punika | inggih sampun sinagahan | mung srat badhe [ba...]
--- 258 ---
[...dhe] prajanjian ||
32. lan têtêmpah jroning yuda | punika badhe karêmbag | rumiyin lan Jêng Pangeran | Cakraningrat sabab mangkya | dèrèng dhatêng ing Sêmarang | kajawi saking punika | kula nyuwun idinira | Kumpêni anglilanana ||
33. kula yun ngadêgkên bandar | bandar dharat kang supadya | bangginira nyêkapana | kasanggèkakên ing karsa- | nira kang dados narendra | nauri kang sinuwunan | anglilani ing paminta | samana dènira arsa ||
34. angangkat madêging nata | amung ngêntosi praptanya | Jêng Pangeran Cakraningrat | ing Sampang lan pra bupatya | ing pasisir sadayanya | lan upados arinira | kang dèn sênêngi jêng pangran | mrih laksana gambuhira ||
56. Gambuh
1. ya ta mangke winuwus | wontên utusanira Sang Prabu | Kartasura Ôntagopa namanèki | matêdhakkên srat pamundhut | dhumatêng Kapitan Kênol ||
2. suraosing srat wau | sri narendra ing mangke amundhut | bêbujênganira saking Kartawani | Pangran Pugêr namanipun | pinundhut dening sang katong ||
3. dhatêng ing Kartapurun | ya ta Kapitan Kênol dupi wus | nupiksani sêratira narapati | sakala lajêng umuwus | hèh kongkonan sira mêngko ||
4. matura mring ratumu | ing anane Pangran Pugêr iku | praptanira ing Sêmarang wong Kumpêni | nora ngundang amrih rawuh | mung karsane
--- 259 ---
dhewe rawoh ||
5. banjur nêlukke sagung | wong pasisir kabèh padha nungkul | wong Kumpêni tan ana kang andahwèni | sartane tan milu-milu | ing karsane kang mangkono ||
6. pan ing Jawa sawêgung | kagungane dhewe kang sawastu | dene lamun ratunira sri bupati | wani nyêkêl sang môngka wruh | dèn cêkêla dhewe gupoh ||
7. wis muliha sirèku | ngong tan mangsuli layang sul-angsul | punang duta sigra mêsat saking ngarsi | datan kawarna ing ênu | ing Kartasura wus rawoh ||
8. sigra marêk sang prabu | nêmbah matur rèhira ingutus | amiwiti malah prapta amêkasi | Ki Kênol ing ujaripun | ingunjukkên mring sang katong ||
9. sri narendra sru bêndu | myarsa utusan ing aturipun | nanging datan kantênan kang dèn dukani | saksana ing karsanipun | badhe nêlasi sang katong ||
10. dhatêng ingkang tinrungku | yèka Radèn Suryakusumèku | anging datan kalampahan karsanèki | awit sabên sang binagus | arsa pinêjahan katon ||
11. ardi Mrapi umurub | katar-katar swaranya gumrubug | têmah dadya lindhu bumi gonjang-ganjing | wong Kartasura gumuruh | gègèr otêr sakèhing wong ||
12. gya utusan sang prabu | amariksa swara kang gumrubug | têrang wau urubira Ki Mêrapi | dadya sang sri karsanipun | anêlasi datan siyos ||
13. apan kongsi ping pitu | Dyan Sudira sabên yun binunuh | tanpa
--- 260 ---
sangkan gara-gara kang dhatêngi | dadya maras sang aprabu | jroning driya sru kuwatos ||
14. têmah ngapura sampun | malah jinunjung ing namanipun | Dyan Sudira anama Pangeran Bèi | pinaringan lênggahipun | sabin sèwu karyaning wong ||
15. ri sampunira wau | mangkya gantya malih kang winuwus | nênggih nagri ing Sêmarang kang winarni | arame ing siyang dalu | dening kathahe punang wong ||
16. Pangeran Madurèku | lawan Ki Jangrana Surèngkewuh | sampun sami labuh jangkar ing jaladri | tan antara dangunipun | ing Sêmarang sampun rawoh ||
17. gumruh swarèng wadya gung | tanpa wilis saking kathahipun | neka warna busananing kang prajurit | mawèh ebat kang andulu | dene busananira byor ||
18. gya sang kalih mangayun | malêbêt ing pasanggrahan sampun | Rôngga Yudanagara ingkang angirid | ingandikan kalihipun | praptèng ngarsa awotsinom ||
19. samya mangaras suku | kalihira pan sami rinangkul | dhumatêng ing Kangjêng Pangeran Dipati | sawusira tata lungguh | bage-binage krahayon ||
20. Dipati Sampang matur | kangmas paran mangke karsanipun | tyang pasisir sampun sami suyud tuwin | tan wontên ingkang barênjul | jêng pangran manabda alon ||
21. sun tarima riningsun | sih prasêtyanta marang ing ingsun | anging bêcik dèn padha sarèh ing kapti | ing karya aywa kasusu | sêdhêng sira
--- 261 ---
padha ngaso ||
22. Pangran Madura matur | kangmas mangke sampun mangsanipun | punapa ta ingkang ingantosan malih | Ki Rôngga alon sumambung | bilih sampun sami condhong ||
23. yogya ing Soma ngayun | jêng pangeran jumênênga prabu | Adipati Sampang sampun angrujuki | Pangran Madura jumurung | sri nata ingkang gumantos ||
57. Sinom
1. samana prajèng Sêmarang | sauruting margi-margi | pasabinan têgal-têgal | sadaya wus kêbak janmi | kalangkung ramenèki | dening kathahing tyangipun | ugi para pandhita | ngulama lan para khaji | apan sampun sami ngalêmpak sadaya ||
2. panêmbahan wujilira | ing Ngadilangu pan inggih | sampun wontên ing Sêmarang | anging kadangira kalih | sami kèrêm ing warih | mangkya sangajênging kuwu- | nira kangjêng pangeran | pan sampun sami rinakit | alun-alun tratag tuwin wringin kalang ||
3. ya ta duk ing ari Soma | sêngkalanira ing warsi | trus sêmbah angrasa tunggal[2] | Pangeran Pugêr anuli | ingaturan umijil | pinarak ing dhampar tatur | pratistha ing têratag | kumasaris anjajari | lênggah munggèng kananira jêng pangeran ||
4. kumêndur lawan Kapitan | Kênol lênggah munggèng kering | sinambungan para lutnan | Pangran Cakraningrat tuwin | sagung para bupati | tanapi para tumênggung | rôngga ngabèi dêmang | tuwin para khaji-khaji | para putra prasami sowan ing ngarsa ||
5. wadya Kumpêni
--- 262 ---
samêkta | nèng alun-alun abaris | ya ta Pangran Cakraningrat | saksana angadêg gipih | sarya sru dènira ngling | hèh srupaning kancaningsun | bupati sapangandhap | tanapi pra khaji-khaji | kabèh sira dèn padha angèstokêna ||
6. yèn ing sadinèki uga | Jêng Pangeran Adipati | Pugêr jumênêng narendra | umêngku ing tanah Jawi | sarta wus olèh idin | ing kangjêng tuwan gurnadur | jendral ing Batawiah | tuwin kang para radpêni | jêng pangeran jêjuluk Kangjêng Susunan ||
7. Pakubuwana kalawan | Senapati ing ajurit | ya Ngalaga Ngabdurahman | Sayidin Panatagami | ingkang sami sumiwi | sadaya asaur manuk | pra khaji lan pandhita | tanapi para ngulami | sami donga jumurung adêging nata ||
8. bala Kumpêni saksana | sami kurmat wanti-wanti | dènnya ngungêlkên sanjata | tuwin mariyêm tanapi | awor ing swaranèki | pradôngga tanapi tambur | kadya mêcahkên karna | swara lir karêngèng langit | rambah-rambah swaraning kang pakurmatan ||
9. ya ta kumasaris lawan | sapanunggilanirèki | sigra sami têtabean | sawusira tata sami | lajêng para bupati | tuwin pra putra sadarum | gêntos-gêntos mangaras | sukunira sri bupati | sawusira nata kondur masanggrahan ||
10. tambure tansah brang-brangan | binarung swaraning bêdhil | kadya gugrag kang akasa | de ta wadya Madurèki |
--- 263 ---
duk tabuhan umuni | kodhokngorèk kalaganjur | sigra prasami bêksa | tamèng towok lawan tamsir | bêksa lawung arame bênthak-binênthak ||
11. miwah wadya Surabaya | gamêlane carabali | prasami abêksa tumbak | sagunging para dipati | lulus kasukan sami | nutug saari sadalu | arame swaranira | saênggèn-ênggènnya sami | suka-suka gumuruh ing swaranira ||
12. ya ta ing ari sajuga | sang prabu miyos tinangkil | lênggah ing dhampar tulyendah | Pangran Madura ing ngarsi | Tumênggung Surawèsthi | ingkang munggèng wurinipun | Ki Rôngga ing Sêmarang | nambungi ing wurinèki | pra bupati sapangandhap pêpak samya ||
13. angandika sri narendra | hèh sagung para bupati | padha sira pyarsakêna | mêngko yayi adipati | ing Madura palinggih | ingsun paringi jêjuluk | anama Panêmbahan | Cakraningrat madanani | pra bupati ing pasisir samoanya ||
14. lan sutèngsun kaki Rôngga | Yudanagara Sêmawis | anamaa Adipatya | Suradimênggala nami | lawan ingsun paringi | bumi saurut dalanggung | gêdhe wiwit Sêmarang | têkan Kartasura nagri | dadya wênangira Dipati Sêmarang ||
15. de Tumênggung Surabaya | iku sun wèhi kêkasih | anamaa Adipatya | Jangrana ing Surawèsthi | tulusa angliwoni | wadya pasisir sadarum | kalawan Si Japara | sun êlih ingkang wêwangi | anamaa Dipati Sujanapura [Sujanapu...]
--- 264 ---
[...ra] ||
16. dene ta Si Jawikrama | samêngko ingsun paringi | tanah Kudus kaduwea | lan sun paringi kêkasih | namanira saiki | Jayasêntika ing Kudus | lawan Si Sêtrajaya | ing mêngko sun karya patih | ajênênga Ki Tumênggung Cakrajaya ||
17. sisihan lan Banyakpatra | padha sun karya pêpatih | iku sun paringi aran | Tumênggung Kartanagari | lan Si Sutajayèki | ingsun junjung lungguhipun | ingsun karya wadana | jêro sun wèhi kêkasih | namanira Ki Tumênggung Citrasoma ||
18. kalawan Si Ônggataka | iku sisihanirèki | tanapi Si Kartajaya | dadia wadana jawi | sartane kula mami | iku ing sakabèhipun | mêngko ing karsaningwang | sun angkat alungguh mantri | kêkasihe Kandhuruan Wilatikta ||
19. wadana panumbak anyar | iku kalungguhannèki | lan maning Si Kartawôngsa | wong sèwu lungguhirèki | lan sun wèhi kêkasih | Jayasudirga Tumênggung | sagung para punggawa | tan ana suwalèng kapti | sri narendra malih alon angandika ||
20. lan bocah ingsun Si Subah | ingsun paringi kêkasih | Ngabèi Wirasantika | nindhihana gandhèk kering | Si Baru sun arani | Rôngga Wirasêntikèku | nindhihi gandhèk kanan | Si Kartinala sun alih | ajênênga iya Rôngga Wanèngjiwa ||
21. Si Sutakarti dhepoka | ing Cêngkalsèwu kang buma[3] | lawan pun paringi aran | Ngabèi Kartijayèki [Karti...]
--- 265 ---
[...jayèki] | Si Bawa sun arani | Angabèi Singaranu | dadya mantri kaparak | Si Lodar ingsun arani | iya iku Ki Ngabèi Kartiwirya ||
22. Si Koplo sun wèhi aran | Ki Kartayuda Ngabèi | dadi mantri jro kewala | Sampang pangalihe benjing | ya ta sampun waradin | abdinira sang aprabu | kang dhèrèk lara lapa | tan na kaliwatan siji | pra kapêdhak tanapi kang panakawan ||
23. jru regol lan gamêlira | wus samya jinunjung linggih | sapantêse awarata | sawang-sawunge kang dasih | ana kang dadi mantri | sawênèh dadi tumênggung | dêmang ngabèi rôngga | wusnya gya sami ngabêkti | kumarubut mrih suku sri naradipa ||
24. gantya ingkang para putra | sadaya jinunjung linggih | prasami ingalih nama | Radèn Wôngsatruna mangkin | Pangeran Adipati | Mangkunagara ranipun | Radèn Martataruna | Pangran Dipasornta nami | Radèn Ôntawirya Pangran Prangwadana ||
25. Rahadèn Dipataruna | Pangran Dipanagarèki | Rahadèn Sôngka ingaran | Pangeran Purbaya nami | Dyan Sudama wêwangi | Pangeran Balitaripun | sagung kang para putra | nulya sami angabêkti | ganti-ganti mangaras padaning rama ||
26. nulya na wau kang prapta | wadya Sampang Surawèsthi | kang sami lampah dharatan | majêng sowan sri bupati | pra kadang Surawèsthi | matur mring kang raka gupuh | yèn nagari Nglamongan | lawan nagri ing Garêsik [Garêsi...]
--- 266 ---
[...k] | ing sawingking tuwan yun nalabung yuda ||
27. pun Apatih Sumabrata | ing uni akintun tulis | mring dipati ing Lamongan | lawan Tumênggung Garêsik | kinèn nalabung jurit | lamun lanang yudanipun | ingêbang kang ganjaran | nagri Sampang Surawèsthi | dadya agêng tyasira kalih punggawa ||
28. lagya sami pabarisan | lajêng kawula dhatêngi | ing Lamongan kula bêdhah | lawan nagari Garêsik | tandya kula bêsmèni | wadyanipun kathah lampus | bupatinya lumajar | kacandhaka angêmasi | sakalangkung panase manah kawula ||
29. Adipati Surabaya | sigra umatur sang aji | yèn nagari ing Lamongan | lan nagari ing Garêsik | sami dipun bêsmèni | dening maleca ing wuwus | dene ingkang mangrurah | abdi paduka sang aji | kadang ulun ingkang kaprênah taruna ||
30. sampun katur sadayanya | miwiti malah mêkasi | sri naranata ngandika | Adipati Surawèsthi | kadangira kêkalih | samêngko manira pundhut | iku ingkang atuwa | iya sun wèhi kêkasih | sun arani Ariya Jayasupônta ||
31. linggihe uwong sanambang | gêmpalna ing Surawèsthi | kadangira kang taruna | mêngko sun karya bupati | nagri Nglamongannèki | dadia lêlungguhipun | lawan sun wèhi aran | Panji Surèngrana iki | dhasar bagus sêmbada lan aranira ||
32. malih sang nata ngandika | adhi mas [ma...]
--- 267 ---
[...s] Sampang Dipati | putranira ingkang tuwa | mêngko sun wèhi kêkasih | Suradiningrat tuwin | jênênga Radèn Tumênggung | Panêmbahan Madura | manuwun suka ing galih | dening agung pasihan nata tan pêgat ||
58. Mêgatruh
1. kunêng sabdanira wau sang aprabu | mangkya Dipati Sêmawis | umatur dhatêng sang mulku | patikbra atur udani | ing ngarsa paduka katong ||
2. abdi dalêm adhi Martayuda lampus | sang nata ngungun ing galih | karaos ing driyanipun | rikala mêthuk ing uni | wasana ngandika alon ||
3. sutaningsun Si Martayuda adhimu | apa ta adarbe siwi | Dipati Sêmarang matur | inggih gadhah mung satunggil | nanging gusti maksih anom ||
4. Sumaningrat pukulun pêparabipun | sang nata ngandika aris | iku mêngko karsaningsun | gumantia ramanèki | Martayuda kang wus layon ||
5. lawan sutanira Sumaningrat iku | iya ingsun karya carik | nênulisi karsaningsun | awit anane samangkin | durung darbe carik ingong ||
6. Adipati Suradimênggala matur | sumôngga karsa sang aji | nanging punika sang prabu | maksih sangêt tunèng budi | rare anèm maksih bodho ||
7. tuna dungkapipun sumanggèng pukulun | tutug dènira siniwi | ya ta luwaran sang prabu | ebah kang samya sumiwi | sang nata nulya makuwon ||
8. sigêg ingkang masanggrahan sang aprabu | gantya wau ka winarni [winar...]
--- 268 ---
[...ni] | Kartasura wadyanipun | nèng Dêmak sampun alami | dènira sami makuwon ||
9. Wirawôngsa kalawan Wirarêjèku | Wirasastra katrinèki | myang kang baris Kaliwungu | Tumênggung Mangkuyudèki | lan Natayuda punang wong ||
10. ingkang dadya têtindhihira ing wadu | Pangeran Balitar nêgih[4] | sakiduling Têgalarum | Banyakwidhe kang abaris | baris ing têngahan mangko ||
11. kasih dalêm Ki Jayaningrat Tumênggung | sumêdya sarêng ngêmasi | lawan kangjêng sang aprabu | binêktanan kang prajurit | jêro kèhnya sapratêlon ||
12. lawan dunya saisining jro kadhatun | kinèn karya anggêgajih | prajurit sabrang puniku | wong Ambon Mêkasar Bugis | nèng Ungaran dènnya manggon ||
13. wong Mataram abaris ing Pudhakpayung | sampun katur sri bupati | yèn wus yun-ayunan pupuh | sagunging kang para dasih | kantun têmpuhing palugon ||
14. ya ta mangke Wiranagara Tumênggung | kalawan Rêksanagari | nuwun pamit ing Sang Prabu | Ngalaga arsa anggitik | mêngsah ingkang samya andon ||
15. baris anèng sakiduling Têgalarum | sampun binêktan Kumpêni | sawatawis kathahipun | têtindhihirèng prajurit | Lutnan Jahisman raning wong ||
16. Kaptin Kênol kadhawahan ing sang prabu | anggêbag mêngsah kang baris | ing Dêmak kinèn angirid[5] | sabrêgada kang Kumpêni | kanthi Madura punang wong ||
17. cacahira wau kang
--- 269 ---
kinanthi sèwu | têtindhihirèng prajurit | putra panêmbahanipun | Dyan Suradiningrat nami | lan radèn dêmang karoron ||
18. tuwin bala ing Turabaya[6] saèwu | têtindhihira Ki Panji | Surèngrana kang jêjuluk | de ta kang tinuduh gitik | mêngsah ingkang baris munggoh ||
19. anèng Tugu iyèku tanah ing Kêdhu | Kapitan Lusman prajurit | ambêkta Kumpêninipun | sabrêgada kanthinèki | bala Madura sèwu wong ||
20. tuwin bala Surabaya wolung atus | têtindhihirèng prajurit | Natadiningrat Tumênggung | lawan Jayapuspitèki | samya sarêng dènnya bodhol ||
21. kawarnaa nagari ing Têgalarum | pan sampun campuh ing jurit | nèng kiduling Têgalarum | wau dènira ajurit | arame samya rêbut rok ||
22. Kyai Wiranagara ing Têgalarum | lan Kyai Rêksanagari | wadya Kumpêni puniku | tinindhihan lutnannèki | sami mangsahi palugon ||
23. Banyakwidhe wadyanira tigang èwu | samya sura-surèng jurit | wong Têgal têngara sampun | lajêng campuh ing ajurit | anggrêgut dènnya rêbut rok ||
24. wong Banyumas atadhah barise pêngkuh | arame bêdhil-binêdhil | swarane lir gunung guntur | Lutnan Jahisman agipih | Kumpêni ngabanan nêmpoh ||
25. baris ingkang munggèng dhadha kinèn nêmpuh | wadya Banyumas nadhahi | ingêdrelan wantu-wantu | surak awor tambur [ta...]
--- 270 ---
[...mbur] muni | swarane atri gumuroh ||
26. sigra wau Wiranagara Tumênggung | kalawan Rêksanagari | nêmpuh saking kering purun | kadi singa tandangnèki | wadya ing Banyumas bodhol ||
27. pan tinutuh kang wadya Kumpêni ngrutug | ing mimis kadya gurimis | wong Banyumas bubar mawut | tan tahan katiban mimis | kathah tatu ting kalêmprot ||
28. kang madati lumayu kapoyuh-poyuh | ambêkane kêmpis-kêmpis | umbêlira mulur-mulur | samargi-margi sinisi | nèng soring pêlasa dheprok ||
29. mêgap-mêgap nora urip nora lampus | tinunjang kancanirèki | kang mêntas kaburu pupuh | ya ta Ki Tumênggung Têgil | barisira mundur alon ||
59. Durma
1. dyan warnanên wadya gêng ing Kartasura | ka samya anuguri | anèng nagri Dêmak | Arya Madurarêja | Tumênggung Wirasêtrèki | myang Wirawôngsa | samya miyarsa warti ||
2. lamun tiyang Madura nglurug ing Dêmak | lan wadya Surawèsthi | pangiriding lampah | Radèn Panji Lamongan | lan wong Madura têtindhih | mantri prawira | Jangkewuh lan Jangpati ||
3. kang tanaya Pangeran Suradiningrat | myang Radèn Dêmang nênggih | lan wadya Walônda | Kênol mêdal lautan | angirid wadya Kumpêni | wadya ing Dêmak | nèng alun-alun baris ||
4. ingkang mêthuk wadya kang mêdal lautan | ingkang nadhahi jurit | Ki Tumênggung Dêmak | Wiranagara lawan | Padmanagara lan malih | Ki Suranata [Surana...]
--- 271 ---
[...ta] | kang magut ing Kumpêni ||
5. kang nadhahi mêngsah Sampang Surabaya | wadya Kartasurèki | wus sami sanega | warnanên wong Walônda | minggah ing dharatan nuli | lajêng umangsah | dhatêng ing kitha nuli ||
6. wadya Dêmak sampun anêmbang têngara | Kumpêni sampun prapti | baris lêlumbungan | tambur munya brang-brangan | lopèrèse kang nadhahi | sareyanira | anata nganan ngering ||
7. kopralira anata mungguh ing wuntat | Kapitan Kênol wuri | ya ta wadya Dêmak | manêmpuh ngamuk rampak | wadya Kumpêni ngêdrèli | ramening aprang | pêtêng kukusing bêdhil ||
8. kadya singa kartala wadya ing Dêmak | ingêdrèl wanti-wanti | wadyabala Sampang | lawan wong Surabaya | wus ayun-ayunan jurit | sarêng umangsah | dhadha myang kanan kering ||
9. ramening prang wong Surabaya umangsah | panji ingkang nindhihi | prajurit Madura | rampak dènira yuda | lir buta amunah daging | kagila-gila | kaduk sura mangukih ||
10. sira Panji Lamongan angirid bala | tigang atus sinêlir | mangsah ngadilaga | tadhah wong Kartasura | wong Surabaya mangukih | wadya Madura | sumahab ambêk pati ||
11. binarondong bêdhil sinawur gudebag | busur miwah jêmparing | pêtêng subing obat | nglimêngan ngampak-ampak | yayah kadi têngah wêngi | wadya Madura | saya gambirèng jurit ||
12. datan wingwrin miyat lungiding warastra | myang
--- 272 ---
wadya Surawèsthi | lir banthèng kabranan | wong Sampang Surabaya | pangamuke anglir bêlis | wong Kartasura | rusak tataning baris ||
13. ngiwat-ngiwut wadya Sampang Surabaya | dyan panji angawaki | myang wadya sêliran | wong Kartasura dhadhal | tan ana kang môngga pulih | kathah kang pêjah | myang wadya Dêmak ngisis ||
14. wus angumpul malih wadya Kartasura | mogok anèng Têmbiring | ingêlun saksana | mawut-mawut sasaran | kutha Dêmak wus dèn broki | dening Walônda | nèng jro wisma dipati ||
15. kang ambujung wadyabala Kartasura | wong Sampang Surawèsthi | nèng Têmbiring aprang | wong Kartasura bubar | tan ana ingkang ngudili | sirna suh gêmpang | larud tan môngga pulih ||
16. wontên wadya ing Kartasura satunggal | tuwa kuru madati | mêngi mêgap-mêgap | sangune klèlèt têlas | umarêk lurahirèki | ngling dhuh ki lurah | kula nyuwun sakêdhik ||
17. inggih klèlèt mung sakêmiri kewala | kula papagne mangkin | tiyang ing Madura | inggih ijèn kewala | dimèn sirna sadayèki | nulya sinungan | dèn untal lajêng gêndring ||
18. palayune mring wana anêbas-nêbas | wadya gung mlayu sami | tan môngga puliha | wadya ing Kartasura | tyasira kadya pawèstri | palayunira | malêbu ing wanadri ||
19. nulya wangsul mring kitha wadya Madura | miwah wong Surawèsthi | wadya Kartasura | lawan wadya ing Dêmak | sakarine ingkang mati | angumpul samya |
--- 273 ---
ing timur dènnya baris ||
20. mangkya sampun bêdhah nagari ing Dêmak | caritanira nguni | apan tunggal warsa | lan adêgira nata | Sunan Mangkubuwanèki | dyan kawuwusa | wong Sampang Surawèsthi ||
21. pan atugur samana nèng nagri Dêmak | Ngadilangu wanarni[7] | Pangran Rôngga seba | tundhuk dhatêng Sêmarang | tinarima mring sang aji | kala samana | Ngadilangu pinalih ||
22. Panêmbahan wujil lan Pangeran Rôngga | têtêp dipun kalihi | ya ta kawarnaa | wong Sampang Surabaya | kalawan wadya Kumpêni | kang sêdya ngrurah | baris ing Tugu nênggih ||
23. sampun prapta sawetaning Tugu samya | wong Kêdhu wus udani | yèn mungsuhe prapta | nulya siyagèng yuda | ing dhadha dipun kandêli | tuwin pangawat | tinata barisnèki ||
24. ingkang munggèng dhadha Pangeran Balitar | ingkang mungguh ing kering | sira Mangkuyuda | ing kanan Natayuda | ya ta wau kang winarni | wadya Madura | sampun atata baris ||
25. wong Kumpêni ingkang baris munggèng dhadha | ingkang pangawat kering | wadya ing Madura | kanan wong Surabaya | kalaganjur tambur muni | Carabalinya | lan Kodhokngorèk muni ||
26. bêndhe bèri tinêmbang munya sauran | sigra campuh ing jurit | wong Kêdhu sumahab | Tumênggung Mangkuyuda | angêdhangkrang dèn payungi | wadya payudan | rowa mungsuh nyarêngi ||
27. wus acampuh wong Kêdhu lan wong Madura | kapanggi[8] sami wani | arame [a...]
--- 274 ---
[...rame] yudanya | bêrêg-binêrêg samya | wong Kêdhu pêngkuh ing jurit | wadya Walônda | gumrudug angêdrèli ||
28. kathah mati wong Kêdhu nging maksih panggah | dèn êdrèl wanti-wanti | sira Mangkuyuda | kalawan Natayuda | tatag têtêg dènnya jurit | sawadyanira | wong Kêdhu ambêk pati ||
29. dyan gumulung wong Sampang lan Surabaya | pra mantri angawaki | sira Radèn Sasra- | diningrat ngirid wadya | wong Madura nêmpuh wani | Rahadèn Rôngga | ingkang nrêgakên baris ||
30. ramening prang pêpati susun atumpang | mangsah angidak jisim | Arya Japuspita | nêngah asumbar-sumbar | wong Kêdhu mundura aglis | bok nora nôngga | mungsuh wong Surèngwuri ||
60. Pangkur
1. anolèha pundhakira | padha bundhas mandhukul ting talêning | ya masa padhaa iku | kalawan pundhakira | prajurite iya wong ing Surèngkewuh | pucake alus arata | ngêlingir padha anglading ||
2. lah payo sira numbaka | hèh wong punuk ing aprang jêjêmbêri | ya ta wong panèwu Kêdhu | Sarapati arannya | amiyarsa kalangkung bramatyanipun | mara sarwi ngêmbat watang | nêmpuh Jayapuspitèki ||
3. busèt dene tan kajamak | ya ta Jayapuspita amiyarsi | asuka-suka gumuyu | pan sarwi anênacad | arêp apa lah sirèku uwong punuk | pating bakuthuk angucap | marêpêki maring mami ||
4. baya sira iku arsa | akon ngiris [ngiri...]
--- 275 ---
[...s] punukmu kang nglênggirik | dèn parêka lawan ingsun | sun irise punukta | Sarapati saksana asru manglawung | mungkur Dyan Jayapuspita | wong Surabaya udani ||
5. sigra dèn êbyuk ing kathah | Sarapati kinrocok wus ngêmasi | Ki Mangkuyuda andulu | mangsah sawadyanira | ya ta Jayapuspita awas andulu | yèn Mangkuyuda umangsah | ngabani wadya pasisir ||
6. têmpuh malih ing ayuda | Radèn Jayapuspita angabani | wadya sinêlir sadarum | wadya ing Kêdhu panggah | pangawate apan sampun bubar larud | nginêbi wadya Madura | saking ngiringan nulya glis ||
7. dhadhane yuda wus dhadhal | Natayuda matur raka anangis | kakang lah ta dawêg mundur | dede sêsanggènira | saya kathah mêngsah wuri kadi ladhu | sampun karsaning Hyang Suksma | nagari ing Kartawani ||
8. wahyune ngalih panggenan | kang ayuda tan ana angudhili | pratandhane wus kadulu | apêse wong nagara | kula dulu mêngsah kakang agêngipun | apan inggih gangsal tiyang | ingkang raka amiyarsi ||
9. saking rayi aturira | ya ta lajêng ngingêrakên turanggi | atinggal glanggang lumayu | Pangran Balitar mulat | wadya Kêdhu wus sami bubar lumayu | binuru wadya Madura | miwah wadya Surawèsthi ||
10. wadya Kêdhu nêbas-nêbas | mawut-mawut angungsi mring wanadri | wong Madura Surèngkewuh | ing Kaliwungu prapta | wong Madura Kumpêni
--- 276 ---
lan Surèngkewuh | rêrêb Kaliwungu samya | lajêng prasami amêrgil ||
11. palayune Mangkuyuda | Natayuda ing Kêdhu kang dèn jogi | ya ta malih kang winuwus | Kumpêni kang nèng Têgal | budhal saking Têgal Pakalongan rawuh | arsa anggitik ing Batang | lan Tumênggung Wiranagri ||
12. Tumênggung Rêksanagara | ya ta wau lampahnya sampun prapti | têpis wiringing prajèku | gègèr wong Pakalongan | dèn anciki dening ingkang baris agung | wus katur mring Nitiyuda | yèn mêngsah kathah kang prapti ||
13. tanapi kitha ing Batang | Radèn Madurêtna lolos ing wêngi | sampun myarsa wartosipun | kang baris Tugu bubar | gurawalan Nitiyuda playunipun | tuwin Radèn Madurêtna | ing Kêdhu ingkang dèn jogi ||
14. ya ta ingkang kawarnaa | sira wau Kyai Tumênggung Têgil | lan wadya Kumpêni rawuh | ing nagri Pakalongan | kang dèn broki Pakalongan kuthanipun | Batang sarêng linêbonan | kuthane kapanggih sêpi ||
15. ya ta malih kawarnaa | wadya Sampang kalawan Surawèsthi | ingkang anèng Kaliwungu | ngêlar-êlar jajahan | samya tundhuk tiyang kanan keringipun | Kumpêni wus mundur samya | ngumpul dhumatêng Sêmawis ||
16. mung tilar mantri kewala | ingkang ngêlar jajahan kanan kering | miwah ing Dêmak puniku | tilar mantri kewala | Kênol bubar sampun anumpak ing prau | kunêng [ku...]
--- 277 ---
[...nêng] kang lagya lumampah | gantya malih kang winarni ||
17. nênggih ing nagri Sêmarang | sakalangkung arjanira samangkin | tuwin sangêt ramenipun | dening kathahing janma | Jêng Sinuhun Pakubuwana Sang Prabu | wêwah kathah balanira | tanpetungan cacahnèki ||
18. pasisir suyud sadaya | samya ajrih sumiwi angabêkti | angèstupada sang prabu | myang wadya Kartasura | sampun kathah kang sami anungkul alus | nusul dhumatêng Sêmarang | ngaturakên pati urip ||
19. ngaturkên bulubêktinya | ing ri Soma kasukan sri bupati | pêpak pra pratiwa anung | munggèng pakuwon nata | garwanira para dipati sadarum | tanapi somahing wadya | sami sumawi[9] jro puri ||
20. tuwin para mantrinira | atap andhèr sadaya anèng ngarsi | pra putra nangkil sadarum | munggèng ngarsa narendra | kang pradôngga angrangin swaranira rum | panêmbahan ing Madura | anangkil ngarsa sang aji ||
21. lan sagung punggawanira | amabukuh munggèng ngarsa nrêpati | Kaptin Kênol praptanipun | saking nagri ing Dêmak | sinung urmat dènnya unggul yudanipun | tuwin wadya Surabaya | ing Sampang wus samya prapti ||
22. wus sami wiwit abêksa | pra atmaja pangran dipati dhingin | lan Panbahan Madurèku | angrangin bêksanira | ingkang para bupati gumêr lokipun | angidung Pangran Dipatya | sinom miring ing Kêdhiri ||
23. swara rum manis arênyah | wilêt luwês cêtha [cê...]
--- 278 ---
[...tha] tibaning dhong-dhing | rada kaduk gandês arum | lir ngalap yuswaning dyah | asêmbada warnanira anom bagus | tur prawira ing ayuda | sudibya kuncara sêkti ||
24. kasêmbuh putraning nata | mila sagung garwaning pra dipati | kang tumingal lênglêng wuyung | wontên prawan Sêmarang | ayu kuning bok pêrawan warnanipun | nunut nonton ing wong kathah | dhêpèpèl ngadêg ing wuri ||
25. sarêng mulat jêng pangeran | dènnya bêksa sarwi ngidung ngrêrêpi | kancane nonton ginêlut | dhuh lae awak ingwang | bok iyaa mêngko yèn turas sang bagus | muga ingsun mênangana | sun cukile lêmahnèki ||
26. anuli sun untal pisan | dimèn lêga rasane ati mami | ya ta na ingkang sumambung | kancane nonton ngucap | dhuh bok ngantèn dene têka tanggung-tanggung | bok iya sesuk kewala | sira idêr sayur asin ||
27. masa dadak kapirana | wong Mataram iku anèng Sêmawis | yèn dulu pêrawan ayu | kaya kucing umulat | maring tikus pating pancêrêng puniku | mara ta sira jajala | mijila ing bêngi-bêngi ||
61. Mijil
1. sagung garwane para dipati | prasami anonton | ya ta wontên kaprênah mantune | Suraadimênggala Dipati | ingkang jalu nênggih | kaponakanipun
2. Martayuda aranirèng janmi | pinundhut sang katong | nèng pakuwon kinarya carike | duk kalane wau sri bupati | dèrèng
--- 279 ---
darbe carik | puniku pinundhut ||
3. Martayuda wau darbe rabi | ayu maksih anom | gandês luwês pantês salewane | galak ulat lan landhêp ing liring | kadya pasopati | laraping pasêmun ||
4. wus adangu dènira ningali | mring pangran patya nom | ingkang dadya rasaning driyane | Bok Martayuda sajroning ati | Pangran Adipati | tuhu yèn binagus ||
5. ambaranyak luruhe rêspati | bisa wèh wirangrong | dene nyamlêng kalawan swarane | gêtas rênyah ulêm arum manis | ing nagri Sêmawis | tan na ro têtêlu ||
6. dadya tikbra sajronirèng ati | rongèh dènnya lunggoh | kasêmêkan jingga ting kathèthèr | supe kathah rowangira linggih | mung Pangran Dipati | kang mukêt jêjantung ||
7. riwe kumyus kadya dèn sirami | gêlungira kêndho | ni bok wontên rencange kang dhèrèk | Biyang Garêm waspada ing wadi | jawil-jawil ririh | anggèr dawêg mantuk ||
8. solah dika sangêt ngatawisi | têka sarwa loyop | mulat maring wong bagus bêksane | kula anggèr sampun nini-nini | myarsa swara nganti | kapoyuh ping pitu ||
9. yèn sampuna putraning nrêpati | tamtu kula gablog | botên etang ginêbug pakane | malah lajêng kula turi gusti | ngidung angrêrêpi | anèng wisma ulun ||
10. pakne Garêm yèn purun kang pasthi | kula kèn bêborong [bê...]
--- 280 ---
[...borong] | pêpanganan tanapi wedang tèh | yèn tan purun kula sade Bugis | dimèn anglampahi | dados saradhadhu ||
11. sampun mênggah anggèr dhasar maksih | ayu tuwin anom | yèn botêna obah sadayane | nanging anggèr prayogi dèn ririh | masa lêpat masthi | yèn kenging pinulut ||
12. wantu putra kang mêngku rat Jawi | myat wong ayu anom | ingkang kadi sariraniranggèr | yêkti kenging yèn sinabêt liring | wataking priyayi | putrane wong agung ||
13. nulya mêdal pawongane ngiring | kalangkung wirangrong | rasa-rasa ni bok ing lampahe | ya ta pinarêng kang asung brangti | luwar dènnya ngrangin | ngisis-isis mêtu ||
14. praptèng jawi pintu aningali | wanodya andheprok | jêng pangeran dangu pawongane | bibi baya bêndaramu sakit | dene sun tingali | pasêmone alum ||
15. Biyang Garêm waspada ing wadi | nêmbah matur alon | inggih gusti asangêt sakite | pan kasambêt mring kang bêksa rangin | jampènana kêdhik | dimèn sagêd mantuk ||
16. jêng pangeran mèsêm amarani | dhatêng ing pêpojok | arum manis pangran timbalane | sesuk sore sun parani gusti | eman masku ari | aja bangêt wuyung ||
17. dèn abisa namun ulat liring | mirah jiwaningong | aja kontap anggèr pasêmone | pangliringe sarya angarasi | wus muliha yayi |
--- 281 ---
ngong seba sang prabu ||
18. Ni Bok Martayuda nyêndhal liring | tyasira cumêplong | jêng pangeran wangsul panggenane | Biyang Garêm nyumêd damar lilin | wus mêdal ing jawi | praptèng wismanipun ||
19. kang sru brôngta sigra ngrangkul guling | sarwi kêmul dodot | tan lyan ingkang mukêt ing jantunge | amung Kangjêng Pangeran Dipati | gumarit ing ati | tansah arawat luh ||
20. tan winarna kang agung mong brangti | langkung awirangrong | rangu-rangu wiyoga ing tyase | mangke kawarnaa sri bupati | aluwaran sami | dènira anayub ||
21. wau Kangjêng Pangeran Dipati | wus kondur makuwon | kang kacipta amung ubayane | lawan Ni Bok Mêrtayuda nênggih | sasolahe kèksi | tansah wèh laras kung ||
22. rêngêng-rêngêng angidung ngrêrêpi | kidunge sang anom | amung kang wus dadya ubayane | dhuh mas mirah ingsun wong alindri | dhêdhongklak Sêmawis | bisa gawe wuyung ||
23. upamane mirah awak mami | lir pradapa layon | pan kasongan raditya kênyare | yèn tan tulus mirah sih ing mami | ingsun mati kingkin | dhuh ngong awulangun ||
24. wontên ingkang kinarya anilib | dènira sang anom | kaki Garêm iya kêkasihe | iku dadya jarumanirèki | èstri sami èstri | jalu sami jalu ||
25. sinamun-samun tan kêna lali | tyasira sang anom | sigra nimbali ing kalulute [kalulu...]
--- 282 ---
[...te] | kaki Garêm wus prapta ing ngarsi | ngandika sa pêkik | payo andon dalu ||
26. kaki Garêm nêmbah matur aris | sumôngga sang anom | gya lumampah wau ta kalihe | kawarnaa Ni Martayudèki | sangêt ngarsi-arsi | praptane sang bagus ||
27. bakda ngisa Pangeran Dipati | têdhak mung wong roro | kaki Garêm umampir wismane | kang yun dhustha asmara tut wuri | prapta wismanèki | lênggah sang abagus ||
28. dangu pinarak Pangeran Pati | ingkang arsa andon | kaki Garêm pan magêrsarine | dening Ki Mas Martayuda nênggih | wau kang winarni | kang anggung mangun kung ||
29. ingkang raka apan kesah kêmit | pasanggrahan katong | kang tinilar sigra paès age | agêgônda rema dèn sêkari | dhasar mêmak wilis | panjang ngêmbang kangkung ||
30. kasêmêkan têpi rinenda brit | sinjangnya têgaron | kadya bêngle kèris pamulune | sêngkang bapang asêkar warsiki | gandanira minging | mèsêm pait madu ||
62. Dhandhanggula
1. akalpika barlyan siji sisih | pawongane kalih munggèng ngarsa | tansah dènira tinakèn | Biyang Garêm lon matur | sampun sangêt angatawisi | manawi rakandika | mangke nuli wangsul | kawarna kang lampah dhustha | sampun ngrampid ing pagêr jaro sang pêkik | Ki Garêm anèng wuntat ||
2. de ta wau Ni Martayudèki | datan têtêp dènira alênggah | sangêt pangarsa-arsane [pangar...]
--- 283 ---
[...sa-arsane] | tansah minggah tumurun | apan kadi sata mèmèti | jêng pangran dene cidra | ing sêmayanipun | ujare iya jam sanga | wadung pari wong bagus Pangran Dipati | munduran kaniaya ||
3. Pangran Pati mèsêm amrêpêki | Ni Bok Martayuda tan uninga | yèn Pangran Dipati Anèm | wus dangu dènnya rawuh | kaki Garêm tansah nèng wuri | ya ta andhodhog lawang | sang dyah wus adangu | dènira agarundêlan | si diparag wibawa singgih lan mukti | sinambêr prawan kêba ||
4. dumèh-dumèh putraning nrêpati | cidrèng janji gawe lara brôngta | amuwuhi ing wirage | si ditubruk wong ayu | bisa gawe rasaning ati | Pangeran Adipatya | nulya ge malêbu | sang rêtna sinandhing lênggah | ya ta mingsêr saking panggonane linggih | cinandhak astanira ||
5. dhuh jiwa ngong arsa mênyang êndi | apa tan sudi marang manira | kang asru nandhang wirage | Ni Martayuda dhêku | arsa nêmbah sinambut aglis | ginawa mring paprêman | Ni Bok Marta matur | sarwi jiwit balang tingal | kapanane wong bagus dènira prapti | dene tanpa sabawa ||
6. jêng pangeran ngaras wanti-wanti | astanira nyandhak padon sinjang | winingkis kengis wêntise | tinon akarya gumyur | sigra wau sampun katitih | tumanduk kang warastra | amarwasèng lulut | dumugi pulang asmara | kalihira wus luwar dènnyandon rêsmi | wanci pukul sakawan ||
--- 284 ---
7. jêng pangeran têdhak asêsuci | lênggah malih anèng pajungutan | Ni Martayudèng pangkone | gya nambut burat arum | binuratan sang rajasiwi | kunêng kang don asmara | kawarnaa wau | Martayuda kang ajaga | jroning driya sangêt dènnya kêtir-kêtir | ngrasa yèn ana dhustha ||
8. ya ta wau saksana umijil | enggal mantuk sapraptaning wisma | angintip katon ing jrone | paturon ting karênuk | agêguyon tiyang kêkalih | jalu lawan wanodya | ngawaskên pandulu | sampun katingal waspada | kang alungguh nèng kidul Pangran Dipati | umangku èstrinira ||
9. dadya mangu sandeya ing galih | arsa alok ajrih yèn kawruhan | dhumatêng ing janma akèh | gya dhèhèm-dhèhèm asru | Martayuda sing jawi kori | Pangran Dipati kagyat | saksana sang bagus | miyos pagêr kang ngiringan | bêdhah jaro kaki Garêm atut wuri | mlajêng Pangran Dipatya ||
10. anyalimpêd dhêlik anèng wuri | kawarnaa Ni Bok Martayuda | kari nèng paturon dhewe | Martayuda lumêbu | maring wisma kalangkung runtik | rabine dhodhok mapan | dyan cinandhak gupuh | ingukêl rêrambutira | tinabokan pan sarwi dipun jêjêki | anjrit tan ingapura ||
11. gulasaran gumuling ing siti | Martayuda putêk driyanira | malbèng tilam nulya sare | kang èstri duk andulu | kakungira kapati guling | tangi sigra umêdal |
--- 285 ---
saksana lumaku | sarwi kudhung kasêmêkan | anèng marga tansah amicarèng ati | dhuh lae kaniaya ||
12. Kangjêng Gusti Pangeran Dipati | ngong tinilar têmah pinilara | inggih dhumatêng kang darbe | adhuh lae wong bagus | nadyan kula tumêkèng pati | masa ta gumingsira | babarpisan ingsun | pinêgat mring Martayuda | nora tanggung ênggon ingsun mara nyai | mring Pangran Adipatya ||
13. lampahira kang sinêdyèng ati | Ni Bok Martayuda mring jro pura | sampun prapta ing lampahe | katur mring kangjêng ratu | lamun wau alambangsari | lan Pangran Adipatya | pinala ing kakung | ni êmban nulya dinuta | umatura dhumatêng sri narapati | kalamun ingkang putra ||
14. Pangran Pati wus alambangsari | lan rabine kaki Martayuda | èstrinira ing têmahe | pinala dhatêng kakung | Ni Bok Marta samangke purik | malêbêt ing jro pura | duk myarsa sang prabu | mèsêm wasana ngandika | timbalana Martayuda dipun aglis | marang ing arsaningwang ||
15. panakawan alit nêmbah mijil | sigra-sigra lampahira prapta | ing wisma Martayudane | nulya ginugah gupuh | wus atangi ngaturan uning | duta sampun apanggya | andhawuhkên dhawuh | Martayuda jêngandika | katimbalan ing gusti sri narapati | sarênga lampah kula ||
16. sigra kerid ing parêpat alit | lampahira Martayuda prapta | ing ngarsanirèng pamase | manêmbah nguswa [ngu...]
--- 286 ---
[...swa] suku | sri narendra ngandika aris | kulup ingsun miyarsa | rabinira iku | purik marang ing jro pura | jare sira pala marga lambangsari | cêlor lan Ki Dipatya ||
17. Martayuda pamundhut ngong kaki | apuranta marang rabinira | mêngko karêbèn nèng kene | sun lironi sirèku | pilihana wong dalêm puri | sasênênge tyasira | kabèh sêlir ingsun | cèthi manggung lan pawongan | atanapi putra kaponakan mami | miliha têka papat ||
18. aja dadi atinira kaki | mring arimu Ki Mangkunagara | lagi kêna pangridhune | eblis ingkang ngrêriwuk | lali marang kadang pribadi | Martayuda miyarsa | darodos kang êluh | gya sumungkêm ing pratala | angrês myarsa timbalane sri bupati | yayah angrêmêt manah ||
19. kalimput ing sihnya sri bupati | Martayuda matur awotsêkar | nuwun duka sang pamase | yèn kaparêng pukulun | unjukipun kang abdi gusti | nuwun kaparêngêna | namung semah ulun | kawula suwun mantuka | angandika wau kangjêng sri bupati | lah iya sutaningwang ||
20. nanging poma kulup wêkas mami | rabinira ywa sira pilara | puliha enak atine | Martayuda sru nuwun | abdi dalêm tan malih-malih | puruna amilara | dhatêng rabi ulun | sadêrah pinara sasra | botên pisan ulun mindakèng sabda ji | kapundhi ing mustaka ||
21. sri bupati gya ngandika aris | dhatêng ingkang rayi pramèswara | mangkana pangandikane [pa...]
--- 287 ---
[...ngandikane] | yayi wêtokna gupuh | Martayuda rabinirèki | warahên yèn lakinya | ingkang akon mantuk | ingsun ingkang ananggunga | ora manèh yèn kang lanang mrih misakit | marang ing dhèwèkira ||
22. sori nata mentar saking ngarsi | amurugi Ni Bok Martayuda | saksana alon wuwuse | nini muliha gupuh | timbalane sri narapati | lakimu Martayuda | iya ingkang nyuwun | lah aja kuwatir sira | sri narendra kang nanggung marang sirèki | nêpsune lakinira ||
23. pan wus akèh timbalan sang aji | iya nini marang lakinira | marma ywa sumêlang manèh | Ni Bok Martayudèku | langkung awrat sajroning ati | kapêksa sabda nata | ya ta nêmbah mundur | kang raka wus dhinawuhan | mring sang nata kinèn umantuk tumuli | nêmbah Ki Martayuda ||
24. sarêng-sarêng undurira kalih | tan winarna wau anèng marga | sampun prapta ing wismane | èstri kalawan jalu | ingkang jalu ngrangkul mring rabi | dhuh yayi apuranta | kang agung maring sun | luput ingsun marang sira | dene bangêt lali ngong amrih misakit | marang ing jênêngira ||
25. pan ingaras-aras ingkang rayi | Ni Bok Martayuda lon wuwusnya | jêr dika niku wong ènthèng | trêsna dika mring ulun | nalar dika lir bocah cilik | bangêt tan wruh lukita | wong busuk angêpluk | kaya wong mêngku rat Jawa | kula niki mring dika milu ngrewangi | gèn dika angawula ||
26. ing sabisa kula wong pawèstri | saking gênge
--- 288 ---
sih kula mring dika | sapintên bêgja ing mangke | kinarsan mring wong agung | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | putrane sri narendra | rat Jawa kawêngku | abagus alus kang warna | mendah baya puniku lamun nuruni | baguse anak dika ||
27. tur ta dika kinasihan gusti | bôndha kula botên karusakan | ngarah-arah panggarape | pan botên srugal-srugul | apatitis tur ngarih-arih | Ni Garêm amiyarsa | milu-milu muwus | gih dara rayi andika | satêmêne puniku milu ngrencangi | gèn dika asuwita ||
28. apan amrih sênêngira gusti | nadyan lêpat sawataranira | gèn dika nglakoni gawe | yèn rayi dika niku | kinasihan marang ing gusti | masa dadak susaha | angsal dika luput | Ki Martayuda miyarsa | brêbês mili luhira adrês umijil | garwane sinungkêman ||
29. iya yayi ingsun ingkang sisip | yèn bênêre yayi raganingwang | ambeyanana pantêse | ing mau sang aprabu | sun sinarah èstri jro puri | êndi sun sênêngana | pinaringkên mring sun | kang rayi aris saurnya | lah puniku inggih pikiring priyayi | mrih turun kang prayoga ||
30. bibi Garêm kayaparan iki | budi kasèp apa iya kêna | kalamun dèn êjum manèh | Biyang Garêm gumuyu | gampil-gampil puniku gampil | yèn rakanta wus ngandhang | mênggah luputipun | Martayuda wuwusira | iya ingsun bibi ingkang bangêt sisip | tan wruh garwa mrih dana ||
--- 289 ---
63. Asmaradana
1. ya ta kawarnaa malih | Ki Tumênggung Jayaningrat | anèng Ungaran barise | sampun amiyarsa warta | yèn wadya Kartasura | kang anèng Dêmak kaburu | miwah ingkang anèng Têgal ||
2. myang kang baris Nglèpèntangi | kawarta sampun kaplajar | marmane alit galihe | Ki Tumênggung Jayaningrat | sigra wau utusan | dhumatêng Sêmarang gupuh | arine ingkang dinuta ||
3. Pusparudita wêwangi | sampun binêktanan surat | sigra lumaksana age | wus praptèng nagri Sêmarang | sowan mring Panêmbahan | Madura tur sêmbah gupuh | nawala gya tinampanan ||
4. kadriya têmbunging tulis | Panêmbahan sigra sowan | maring pasanggrahan katong | wus prapta ngarsa narendra | manêmbah aturira | dhuh pukulun sang aprabu | patikbra atur uninga ||
5. dhatêng paduka sang aji | ing mangke pun Jayaningrat | ingkang baris Ngungarane | atur srat dhatêng kawula | nênggih ingkang dinuta | pan kaprênah arinipun | awasta Pusparudita ||
6. mênggah suraosing tulis | pukulun pun Jayaningrat | ngaturkên pêjah gêsange | katura paduka nata | sumêdya asuwita | nanging wontên kang dèn suwun | dhusun dalêm ing Bahrawa ||
7. wondening padhanging margi | sampun tuwan wancakdriya | pun Jayaningrat ature | wadya Bugis miwah Cina | sampun sami kabêkta | angabdi dhatêng sang prabu | ya ta wau sri narendra ||
--- 290 ---
8. kalangkung trustha ing galih | arum wijiling wacana | sun tarima panungkule | Si Tumênggung Jayaningrat | suwita ing manira | dene panuwune mring sun | iku wus sun karyobaya ||
9. marang ki besan Sêmawis | ya ta wau Ki Dipatya | Suradimênggala ture | luhung gusti pinaringna | dhusun dalêm Bahrawa | rinojonga aturipun | Ki Tumênggung Jayaningrat ||
10. pamurih kawula gusti | tulusa dadosa rowang | sang nata lêga galihe | saksana alon ngandika | adhi mas ing Madura | caraka tundhungên mundur | sadina mêngko mangkata ||
11. kinon tutur kakangnèki | Si Tumênggung Jayaningrat | sun jurungi panuwune | panêmbahan atur sêmbah | wus tinundhung kang duta | tan winarna lampahipun | gantya ingkang kawuwusa ||
12. ing Kartasura winarni | Sri Bupati Amangkurat | lagya siniwè[10] wadyane | sakarine kang punggawa | pêpak samya sewaka | wong Kêdhu kaparak pênuh | myang Ki Patih Sumabrata ||
13. angandika sri bupati | hèh Apatih Sumabrata | ing mêngko paran wartane | kang padha andon ing yuda | apa lanang ing aprang | Patih Sumabrata matur | pukulun sri naranata ||
14. abdi dalêm sri bupati | ingkang sami andon yuda | dèrèng sampurna ing mangke | pan maksih ajêng-ajêngan | kalihan wadya Sampang | lawan wadya Surèngkewuh | sang nata asru ngandika ||
15. alawas têmên sun [su...]
--- 291 ---
[...n] anti | bapa kirimana layang | konên angrurah dèn ingge[11] | iya nagara Sêmarang | si paman dèn cêkêla | kyana patih awotsantun | sandika ing aturira ||
16. kasaru caraka prapti | dutane Mandurarêja | kaparêngan utusane | Pangeran Arya Balitar | kalawan utusannya | Ki Mangkuyuda Tumênggung | duta katri sarêng nêmbah ||
17. katupiksa sri bupati | caraka ngawe mangarsa | nata alon ing dêlinge | hèh sira kinongkon apa | marang ing gustinira | caraka katri umatur | patikbra apan dinuta ||
18. anuwun bantuning jurit | ing mangke wadya narendra | samya kasoran yudane | pun Arya Mandurarêja | nagri Dêmak wus bêdhah | saklangkung ramening pupuh | para mantri kathah pêjah ||
19. duta ingkang saking Têgil | ature datan prabeda | miwah ta wau dutane | Ki Tumênggung Mangkuyuda | sami aturanira | abdi dalêm nuwun bantu | wagugên tyas naradipa ||
20. kasêmbuh wong gandhèk prapti | ingkang saking ing Ungaran | nguni dadya jêjênênge | Ki Tumênggung Jayaningrat | aran Mas Pangalasan | abdi dalêm sang aprabu | panakawan alit mila ||
21. tanpa garapan duk prapti | tumamèng ngarsa narendra | Mas Pangalasan ature | kawula atur uninga | ing pada padukendra | yèn mangke abdi sang mulku | Jayaningrat malik tingal ||
22. têluk dhumatêng Sêmawis | miwah
--- 292 ---
wadya urut marga | wus sami binêkta kabèh | anungkul dhatêng Sêmarang | samangke Jêng Pangeran | Pugêr sampun madêg ratu | wontên ing nagri Sêmarang ||
23. bisikanira nrêpati | Susunan Mangkubuwana | Senapati Ngalagane | Ngabdurahman Sayidina | Panata ing Agama | malah mangke wartosipun | badhe budhal sawadyanya ||
24. saking nagari Sêmawis | nglurug dhatêng Kartasura | sampun samêkta balane | inggih mêdal ing Ungaran | anjog ing Salahtiga | dene kang dados panganjur | arahan wadya Madura ||
25. ya ta wau sri bupati | miyarsa aturing wadya | saksana asru dhawuhe | hèh ta Patih Sumabrata | age sira dandana | sirèku budhala mêthuk | barisa ing Salahtiga ||
26. amêpêtana kang margi | lan sagung para punggawa | kang padha kalah pêrange | kabèh sira timbalana | ngumpula lawan sira | kyana patih awotsantun | sigra jêngkar sri narendra ||
27. Patih Sumabrata aglis | sampun anêmbang têngara | gong bèri umyang swarane | orêg wadya Kartasura | sagung para punggawa | sadaya tan wontên kantun | tumut dhumatêng ki patya ||
28. kang kantun têngga nagari | rumêksa sri naranata | wadya kaparak lan gêdhong | kyana patih sigra budhal | mangkat mring Salahtiga | swarane wadya gumuruh | kadya ombaking samodra ||
29. datan kawarna ing margi | wus prapta [pra...]
--- 293 ---
[...pta] ing Salahtiga | kya patih utusan age | nimbali Mandurarêja | lan Pangeran Balitar | myang Mangkuyuda Tumênggung | sakancanira sadaya ||
30. punggawa katri wus prapti | sami ngumpul Salahtiga | sangsaya agêng barise | punggawa ing Kartasura | Pangran Arya Mataram | baris anèng Bayawangsul | nindhihi pra kanthinira ||
64. Kinanthi
1. kunêng ingkang baris tugur | wadya ing Kartasurèki | ya ta mangke kawarnaa | wontên Walandi kang prapti | ing Sêmarang sing Batawyah | nama Amral Sêpilmani ||
2. bêkta Kumpêni pônca tus | samana sampun kapanggih | kalihan sri naranata | lajêng têtabean sami | sawusira tata lênggah | Tuwan Amral matur aris ||
3. dhuh sinuhun sang aprabu | sowan kula pan tinuding | ing kaki gurnadur jendral | angaturkên tabenèki | sarta tabenira ingkang | para radpêni sakalir ||
4. ingkang kaping kalihipun | kaki jendral angintuni | rajabrana neka warna | katur ing jêng paduka ji | sarta pra putra paduka | kaping tiganipun mangkin ||
5. kula tuwin bêktan ulun | Kumpêni pônca tus nênggih | kabantokakên paduka | mugi kaabêna jurit | ingkang kaping caturira | bilih tuwan amarêngi ||
6. abdinta Kapitan Kênul | kainggahkên komisaris | tuwin ing nagri Sêmarang | ngriki badhe dèn dèkèki | kumêndur dening Japara |
--- 294 ---
ingadêgan petor nênggih ||
7. ingkang kaping gangsalipun | abdinta pun Adipati | Suraadimênggaleka | kalilana tan sumiwi | ing sabên kalamangsanya | yèn botên sarêngan ugi ||
8. kalihan kumênduripun | lan malih panuwunnèki | pun kaki jendral ing tuwan | tulusa asih-ingasih | dènnya pawong pasanakan | sang nata myang bôngsa Wlandi ||
9. nênggih sapancorongipun | wulan sagêbyaring rawi | dènnya pawong pasanakan | sampun ngantos ewah gingsir | sintên kang sumêdya ala | sampun amanggih basuki ||
10. duk myarsa wau sang prabu | pangandikanira aris | iyèku wus ingsun trima | gurnadur panjaluknèki | ingsun jumurung samoa | sakala wau ing loji ||
11. atêngara ungêlipun | mariyêm awanti-wanti | anulya Amral Sêpilman | angaturkên srat prajanji | satunggal katur sang nata | juga kacêpêng pribadi ||
12. kala samantên donipun | prajanjian nuju ari | Kêmis sanga likurira | Jumadilawal kang sasi | Jimawal sêngkalanira | trus loro angrasa siji[12] ||
13. nulya Amral pamit mundur | dhatêng pamondhokannèki | linilan mundur sing ngarsa | ya ta wau sri bupati | saksana alon ngandika | mring Panbahan Madurèki ||
14. yayi mas ing Madurèku | sagunge punggawa mami | kabèh padha undhangana | siyagaa ing ajurit | aywa na kang kaliwatan |
--- 295 ---
sagung bupati pasisir ||
15. panêmbahan nêmbah matur | pukulun sri narapati | kang abdi sampun samêkta | sakapraboning ajurit | sri narendra angandika | kalamun wus tata yayi ||
16. padha undhangana iku | ing dina Soma ta yayi | saosa mangkat ing yuda | ingsun arsa budhal enjing | anglurug mring Kartasura | panêmbahan matur aris ||
17. lan Dipati Surèngkewuh | kawula nuwun sang aji | yèn parêng atur kawula | sampun tuwan anindaki | gusti ecaa kasukan | anèng nagari Sêmawis ||
18. mênggah têmpuhe prang pupuh | dhatêng nagri Kartawani | sampuna dening kawula | lan pun kakang Surawèsthi | pukulun sampun sumêlang | bêdhahe ing Kartawani ||
19. tan lêga raosing kalbu | lamun dèrèng gantos kêris | kantar bau tamèng jaja | lawan Natèng Kartawani | gandhèng kunca atakêr rah | bênthak lawung liru karbin ||
20. saking sakite tyas ulun | punapa raose gusti | kularsa anagih wirang | dhatêng Nata Kartawani | yèn ulun wus lanang yuda | antuk sufangat sang aji ||
21. saengga ing bêdhahipun | nagari ing Kartawani | ulun wangsul mring Sêmarang | amondhongi paduka ji | sampun katêkêm ing asta | narendra ing Kartawani ||
22. sanadyan siraha sèwu | kawula pan botên ajrih | sagunging para punggawa | ing nagari Kartawani | warnia buta sayuta | masa wandea ing
--- 296 ---
benjing ||
23. ulun gêcak êndhasipun | ajur ulun juwing-juwing | benjang lêga tyas kawula | yèn nata ing Kartawani | wus karasèng asta kula | sang nata ngandika aris ||
24. sun tarima ariningsun | prasêtyanira mring mami | myang Dipati Surabaya | nanging yayi awak mami | kumudu arsa uninga | tingkahira mangun jurit ||
25. yèn sira tiwas ing pupuh | manira arsa udani | wruha alang ujurira | aja liya kang ngruktèni | mring layonira yayi mas | ngamungna ingsun pribadi ||
26. punggawa kalih asujud | mukanya konjêm ing siti | kongkulan sabda narendra | datan sagêd amangsuli | gêng sihnya sri naradipa | kalih waspanira mijil ||
27. nulya jêngkar sang aprabu | kondur masanggrahan nuli | kang nangkil bubar sadaya | ing solah datan winarni | sampun prapta ing sêmaya | sêkare pucung gumanti ||
65. Pocung
1. kang wadya gung sadaya wus samya kumpul | lir samodra bêna | miwah sagung pra dipati | pêpak andhèr busana mawarna-warna ||
2. kang winuwus wong Sampang lan Surèngkewuh | busananira bra | pating prêngangah ingèksi | solahira kadya macan binasahan ||
3. tuwin sagung wadya Kumpêni sadarum | sangkêp ing ayuda | Walandi barisirèki | Bugis Ambon Têrnate tuwin Mêkasar ||
4. lurahipun Amral nindhihi ing pungkur | agagah [aga...]
--- 297 ---
[...gah] prakosa | sampun sowan sri bupati | sinasmitan alaju ing budhalira ||
5. kumarusuk swaraning wadya lêlaku | saking kathahira | kadya robing jalanidhi | ambalabar ngêlèbi ing wana-wana ||
6. tinon murub busana pating palancur | sang hyang bagaskara | surêm sunare kalindhih | saking gunging busanane wadyabala ||
7. angêndhanu saking mandrawa kadulu | asrining gêgaman | kadya giri puspasari | sumrêg sêngkud gumuruh swaraning bala ||
8. tuhu lamun narendra dibya linuhung | trahirèng kusuma | rêmbêsing madu sayêkti | wijil tapa jumênêng narendra tama ||
9. dhasar bagus budyalus ngumala mêrdu | sudirèng alaga | kunthara prajurit sêkti | kinasihan mring Suksma dènnya mrih arja ||
10. wuwuh têguh bisa mong wadya sawêgung | sinawang sang nata | dènira angirid baris | apan kadya Sang Prabu Arjunasasra ||
11. Sasrabau Maèspati duk ing dangu | pantês nitih kuda | gula gêmpung ulêsnèki | binusanan ing kancana abra munca[13] ||
12. apan turut lampahe wadya ing ênu | pangawate kanan | dipati ing Surawèsthi | ing Madura kang dadi pangawat kiwa ||
13. Kumpninipun kang môngka dhadhaning laku | de kang munggèng wuntat | sagunging wadya pasisir | anggarêbêg dhumatêng sri naranata ||
14. datan kantun Patih Cakrajayèng pungkur | rumêksa pra garwa | datan kawarna [kawar...]
--- 298 ---
[...na] ing margi | sri narendra sampun prapta ing Ungaran ||
15. munggèng kuwu sang nata sawadyanipun | wus lêrêb sadaya | wadya pangajuring baris | sampun prapta ing Êlopait samana ||
16. Tuwan Kênul komisaris alon muwus | dhatêng Tuwan Amral | suwawi mangke ing wanci | sontên pukul gangsal sami sowan nata ||
17. kula ayun nyênyuwun dhatêng sang prabu | mupung sêpi para | bupati prasami munggwing | pamondhokanira tan na kang sumewa ||
18. lamun nuju wontên kêkasihirèku | Dipati Sêmarang | panyuwun tamtu tan olih | Amral dhangan anuruti ing pangajak ||
19. dupi sampun ing wanci jam gangsalipun | sontên kalihira | amral lawan komisaris | sêsarêngan sowan ing ngarsa narendra ||
20. apanuju lênggah pribadi sang prabu | komisaris nulya | alon dènnya matur sang sri | jêng sinuhun saking prentahipun jendral ||
21. badan ulun lan tyang Kumpêni sadarum | kinèn sumaosa | ing karsa dalêm jêng sang sri | kaabêna ing yuda samôngsa-môngsa ||
22. nadyan ulun sami praptaa ing lampus | awor lan bantala | saèstu botên gumingsir | nanging mugi wontêna kawlasan tuwan ||
23. sih sang mulka[14] amaringi uwos sèwu | koyan sabên warsa | dadosa ngon-ingonnèki | ing Kumpêni kang rumêksa padukendra ||
24. sru kalangkung [ka...]
--- 299 ---
[...langkung] panyuwun kawula prabu | sintên malih ingkang | kawajiban amaringi | sanèsipun pukulun sri naranata ||
25. yêktosipun ingkang dipun ayun-ayun | ing tyang Kumpênèka | mung kêkucah dalêm sang sri | lèn têtêpe ing tanah Jawi punika ||
26. tanpa muwus sang nata duk myarsa atur | mung manthuk kewala | saksana sang komisaris | lawan amral nênurat sêrat pratôndha ||
27. sawusipun gya ingaturkên sang prabu | anyuwun tôndhasta | bilih sampun amarêngi | ing panuwun kang sampun kajarwèng ngarsa ||
28. tandya mundur sang kalih sing ngarsa prabu | praptaning pondhokan | kalangkung sukaning galih | lajêng ngungêlakên mriyêm kaping sapta ||
29. urmatipun ing panuwun sampun antuk | ya ta pra bupatya | kagyat panarkaning galih | wontên mêngsah dhatêng akarya ru-ara ||
30. enggal malbu sami sowan ing sang prabu | nata wus ajarwa | dhatêng kang para bupati | ya ta Adipati Suradimênggala ||
31. duk angrungu sangêt ing gêgêtunipun | saksana turira | dhuh pukulun sri bupati | paran tuwan angungkurkên ing kawula ||
66. Pangkur
1. panutuhe Ki Sêmarang | bok inggiha paduka animbali | dhatêng kawula pukulun | komisaris lan amral | dènnya darbe panuwun dhatêng sang prabu | punika sangêt naracak | apan watêking Kumpêni ||
2. yèn angsal bancik [banci...]
--- 300 ---
[...k] gya minggah | ing pêpundhak makatên lire gusti | yèn dèn lêgani tyasipun | wêwah-wêwah kaptinnya | sri bupati sakala sangêt angungun | wasana alon ngandika | puluh-puluh kadipundi ||
3. wong wis katrucut ing sabda | panuwune uwis ingsun saguhi | lah ing buri bae besuk | ingsun kudu prayitna | sri bupati lajêng rêmbag ing bab pupuh | ngandika mring Panêmbahan | Cakraningrat Madurèki ||
4. adhi mas sarèhning warta | mungsuh ingkang nèng Salahtiga baris | angluwihi agungipun | bitinge asantosa | lan miranti sagêgamaning prang pupuh | lah adhi sapa prayoga | kinarya cucuking jurit ||
5. panêmbahan aturira | yèn kaparêng ing karsa dalêm sang sri | pun Suradiningrat patut | dados cucuking yuda | lan pun Jayapuspita katiganipun | Panji Surèngrana sarta | bêktaa tyang Surawèsthi ||
6. tuwin wadya ing Madura | sri narendra lajêng ngandika aris | dhatêng punggawa têtêlu | Radèn Suradiningrat | Arya Jayapuspita lan Surèngpupuh | hèh kulup Suradiningrat | lan adhi sakaronèki ||
7. sira têlu pisan padha | sun karsakkên dadi cucuking jurit | dene ta ing wêkas ingsun | yèn kira-kira sira | kuwalahên padha ngungsia maring sun | aja angumbar kasuran | eman bokmanawa mati ||
8. sanajan sira matia | abarênga lan balaningsun tuwin | sun uga tan nêdya kantun | mati
--- 301 ---
lan sanak ingwang | ingkang padha asih marang jênêng ingsun | priyantun tingtiga[15] kala | myarsa lingira sang aji ||
9. lajêng androdos luhira | sarta sami pratignya katrinèki | yèn biting datan karêbut | suka matiyèng rana | sang aprabu duk myarsa atur puniku | gya têdhak sing dènnya lênggah | priyantun têtiga sami ||
10. gantya-gantya rinangkulan | sarwi alon ngandika sri bupati | wis nuli mangkata gupuh | sun dongakkên raharja | lajêng mangkat kanthi bala tigang èwu | samya gambira ing manah | dhasar samya bèr kawanin ||
11. sang prabu nulya pirêmbag | lawan para punggawa pra dipati | ingkang dados karsanipun | upami kandhap prangnya | botên karsa pradandosan malih prabu | sêdya seda ngadilaga | mangkana para bupati ||
12. tanapi para satriya | inggih sampun samya gilig ing pikir | sabyantu sarênga lampus | saksana sri narendra | gya parentah anata lampahing wadu | kang môngka pamugarèng prang | Panêmbahan Madurèki ||
13. lan Ki Dipati Jangrana | sarêng sampun karakit sadayèki | saksana bidhalan sampun | ingkang dadya panjawat | kering kanan Ki Dipati Jangranèku | lan Panbahan ing Madura | dhadhanya wadya Kumpêni ||
14. sang nata munggèng wurinya | ing Kumpêni sarta rinêksa dening | wadya Madura dwi èwu | nèng kanan keringira | de ta wadya pasisir mungguh ing pungkur | gumuruh swarani[16] bala |
--- 302 ---
wor têtabuhaning jurit ||
15. sigêg lampahirèng wadya | Kyana Patih Sumabrata winarni | anjrokkên lêlarènipun | wus kandêl bitingira | gêgamane malatar tan kêna ngetung | nèng kali Cacing barisnya | samya rapoha bêbiting ||
16. wus rinakit mariyêmnya | Sumabrata sampun miyarsa warti | yèn wus budhal sang aprabu | saking nagri Sêmarang | amakuwon nèng Ungaran wadyanipun | prajurit tanpa wilangan | punggawa wus dèn undhangi ||
17. asanega ing ayuda | sampun tata rakit gamaning jurit | ya tarya Mandurêjèku | matur mring Sumabrata | dawêg miyos ing ayuda campuh ripu | kyana patih wuwusira | kula botên angrêmbagi ||
18. amiyosi ngadilaga | nêdha mêmpên kewala jroning biting | amung kang dados panganjur | ing yuda miyosana | yèn kasoran dènira mapag ing ripu | malêbêta pabitingan | lan sadaya sanak mami ||
19. dèn samya ngantêp ing yuda | utamane yèn wong priya prajurit | mati ngadoni prang pupuh | manggih swarga di mulya | sanak ingsun para dipati sadarum | aja na atinggal glanggang | tuwin sagung para mantri ||
20. aja na ngucirèng yuda | dèn sumêdya amalês sihing gusti | rumasaa ngabdi ratu | naur sihing narendra | apa ingkang kinarya naur puniku | yèn ora pisahing nyawa | kalawan raganirèki ||
21. Kyana Patih Sumabrata | sêdyanira [sêdyani...]
--- 303 ---
[...ra] angantêp ing ajurit | sanjata pinasang sampun | nèng balowartinira | Arya Banyakwidhe nênggih kang tinuduh | dadya panganjuring yuda | lan Pangeran Balitari ||
22. myang Tumênggung Mangkuyuda | pan katiga kinèn miyosi jurit | wus budhal sawadyanipun | tantara dangunira | wadya Surabaya lan Madura rawuh | lajêng campuh ing ayuda | samya cucuking ajurit ||
23. Rahadèn Suradiningrat | miwah Arya Jayapuspita nênggih | wus panggih sami panganjur | lajêng campuh ing yuda | Ki Tumênggung Mangkuyuda mêngsahipun | tuwin Pangeran Balitar | arame dènira jurit ||
24. sigra satriya katrinya | sarêng mangsah singa katrajang gusis | wong Kartasura kèh lampus | datan moga[17] puliha | sira Pangran Balitar nulya lumayu | angungsi mring pabitingan | matur marang kyana patih ||
25. lamun mêngsahira prapta | Sumabrata sigra têngara aglis | bêndhe tinêmbang angungkung | têtêg kadya butula | wadya Kartasura prayitna ing kewuh | myang sagung para punggawa | sumêdya ngantêp ing jurit ||
26. wadya saragêni sigra | kinèn minggah marang ing balowarti | mariyêm tinata sampun | lela lan kalataka | sira Radèn Suradiningrat gya rawuh | myang Dyan Panji Surèngrana | Jayapuspita prajurit ||
27. satriya katiga mulat | lamun mêngsahira sampun bêbiting | tanpa wilangan kèhipun | mojar Jayapuspita | hèh wong Surabaya [Sura...]
--- 304 ---
[...baya] mandhêga karuhun | apan dudu bobotira | sira ngrangsang balowarti ||
28. padha ngêntèni ing wuntat | tuwan amral lan gusti sri bupati | Panji Surèngrana muwus | sampun kakehan polah | nadyan kathah wong Kartasura ngong purun | kakang paduka nèng wuntat | kula kang nacak kariyin ||
29. ciptane manah kawula | yèn sun bobot sihipun sri bupati | kakang malah kirang mungsuh | mèsêm Jayapuspita | Radèn Suradiningrat alon sumambung | alêrês ujar punika | sigra angabani dasih ||
30. sumahab wong Surabaya | lawan wadya Madura golong pipis | wong ing Kartasura gupuh | mariyêmnya pinasang | swaranira pinyarsa lir gunung guntur | myang lela lan kalataka | sanjata arungan muni ||
31. pêtêng kukusing sandawa | alamêngan lir pendah têngah wêngi | wadya Sampang Surèngkewuh | kinarutug sanjata | datan gimir sangsaya sudiranipun | wus angrampit pabitingan | rinangsang sinomirèki ||
67. Sinom
1. kawarnaa sri narendra | miyarsa swaraning bêdhil | mariyême agênturan | anglir gunture kang ardi | surak gumuruh atri | sang nata narka wus campuh | baris ingkang pangarsa | kalangkung mirmaning galih | gya ginêlak lampahe kang wadyabala ||
2. ing kali Cacing wus prapta | Kumpêni lumampah ngarsi | tumingal sri naranata | lamun wadya Surawèsthi | kalawan Madurèki |
--- 305 ---
wus angrangsang bitingipun | wadya ing Kartasura | ambêdhili saking nginggil | kathah pêjah wadya Sampang Surabaya ||
3. ya ta Panji Surèngrana | awas dènira ningali | lamun wadyanira rusak | kalangkung dènira runtik | têdhak saking turanggi | adharat dènira ngamuk | Radèn Suradiningrat | Arya Jayapuspitèki | sarêng mangsah saya sru dènnya ngandika ||
4. hèh wong Sampang Surabaya | aja na mundur ing jurit | payo padha rinangsanga | ambubrah ing biting iki | wadya ing Surawèsthi | sumahab ing tandangipun | baluwarti rinangsang | lawunge ingkang kinardi | rêrambatan landhehan minôngka ôndha ||
5. minggah nginggil pabitingan | panggah wadya Kartawani | tan sêdya mundur ing rana | sanjata wus tanpa kardi | barung lawung prasami | swarane pating barêkuh | biringe kang rinêbat | ya ta wau sri bupati | arsa mangsah anyarirani ing yuda ||
6. wêlas dènira tumingal | wong Madura Surawèsthi | asangêt dènnya kangelan | dènira angrangsang biting | karoban mungsuhnèki | sigra abdinya kinumpul | atap sumiwèng ngarsa | Patih Cakrajaya ngarsi | Wirasana miwah Ki Wirasêntika ||
7. Citrawôngsa jajarira | angandika sri bupati | hèh Subah ingsun têtanya | kakangira ya Si Malim | nora ana kaèksi | kang tinanya nêmbah matur | pun kakang sawêg anglah | bêdhilên sukunirèki | langkung sangêt sengga tan sagêd lumampah ||
8. sang nata ngungun ngandika | apanta [apa...]
--- 306 ---
[...nta] uwis pinasthi | kakangmu tan duwe bêgja | tan bisa dadi bupati | sigra mangsah sang aji | karsanya ngantêp ing pupuh | pratignya ing wardaya | yèn ora bêdhah kang biting | angur ingsun sirnaa ing adilaga ||
9. Ki Palèrèd wus ingêmbat | mungguh ing asta pinusthi | wangkingan Mesa Panular | cinothe mungguh ing ngarsi | wong Sampang Surawèsthi | ingkang rumêksa sang prabu | wikan lamun gustinya | arsa nyarirani jurit | lajêng surak anglancangi munggèng ngarsa ||
10. tandange lir singa lodra | sarêng mangsah ngrangsang biting | tanapi Amral Sêpilman | ngangsahkên wadya Kumpêni | sarêng nêmpuh ing jurit | wadya Kartasura pêngkuh | Kya Patih Sumabrata | lawan Mandurarêjèki | anèng wuri eca lênggah pinayungan ||
11. Ki Arya Jayapuspita | sampun lumêbêt ing biting | miwah Panji Surèngrana | lawan Suryadiningrati | wong Sampang Surawèsthi | asarêng dènira mudhun | maring jro pabitingan | ki patih awas ningali | yèn wus malbu wadya Sampang Surabaya ||
12. sakalangkung dukanira | sigra anrêgakên baris | wadyabala Kartasura | sarêng mangsah ing ajurit | tanapi para mantri | asarêng dènira nêmpuh | wong Sampang Surabaya | panggah tan ana gumingsir | rame lawung-linawung pêdhang-pinêdhang ||
13. pêdhang rêmpu gya curiga | caruk kuwêl gênti kêris | wadya Sampang Surabaya | kadya buta munah daging | anigas angakahi | anumbak mêdhang anuduk | surak wong Surabaya | Arya Jayapuspitèki | Surèngrana [Surèng...]
--- 307 ---
[...rana] kalawan Suradiningrat ||
14. ngobrak-abrik pangamuknya | puyêngan madyaning jurit | ing jro biting lir kiyamat | swarane wadya kang kanin | ki arya mukanèki | gêgubras lir raup marus | wadya ing Kartasura | pirang-pirang kang ngêmasi | wangkenira atumpuk susun atumpang ||
15. pêpati pating sulayah | lir pendah babadan pacing | wong Sampang lan Surabaya | arahan kathah kang mati | nanging datan pinikir | angidak bangke ing pungkur | mangsah mangrurah mêngsah | wadya Kartasura ngisis | aningali wong Madura Surabaya ||
16. wau kang dadya pangawat | panêmbahan wus ngobongi | ing Tingkir lan Adipatya | Jangrana ing Surawèsthi | angapit barisnèki | Sumabrata awas dulu | yèn liningkung barisnya | sigra angingêr turanggi | miwah sagung pra dipati sadayanya ||
17. lumayu rêbut kêripan | kyana patih datan kari | wadya alit asasaran | wong Sampang lan Surawèsthi | sarêng surakiranjrit | anglir pendah langit rubuh | binarung mriyêm munya | bêdhile wadya Kumpêni | saya gugup playune wong Kartasura ||
18. ya ta kang para santana | kang baris nèng Bayalali | Pangeran Arya Mataram | ingkang dadya senapati | ing uni ingkang janji | mring kang putra sang aprabu | saguh nanggulang yuda | lan kang madêg nèng Sêmawis | marma sangêt dèn ugung dhatêng sang nata ||
19. kalamun mênang yudanya | dèn bang arsa dèn pasrahi | bang-bang alum-alumira | ing tanah Jawi sakalir | sarta lêlênggah sabin [sabi...]
--- 308 ---
[...n] | salêksa karya wus tamtu | mila ingkang dèn êbang | kalangkung agêng kang galih | barisira gêgamane amalatar ||
20. sagunging para santana | nèng Blêdug dènira baris | ya ta lagya pirêmbagan | Pangeran Arya Matawis | kasaru Kyana Patih | Sumabrata praptanipun | lan sagung pra punggawa | kang sami kasoran jurit | gègèr otêr sagung wadya pabarisan ||
21. katunjang palayunira | Sumabrata Kyana Patih | sinêngguh mungsuh kang prapta | kadya gabah dèn intêri | Sumabrata Kya Patih | samana sampun kapangguh | kalawan jêng pangeran | sawusnya tata alinggih | sigra tanya jêng pangran mring Sumabrata ||
22. kadospundi wartosira | dene enggal praptèng riki | kang tinanya lon aturnya | anggèr tiwas ing ajurit | kula kasoran jurit | mêngsah lan wong Surèngkewuh | lawan wadya Madura | tanapi wadya Kumpêni | yudanipun anggèr lir pendah wanara ||
23. mriyêm bêdhil miwah tumbak | sadaya tan dadya giris | amral anindhihi wadya | Têrnate Mêkasar Bugis | Ambon miwah Walandi | lir rewônda tandangipun | balowarti rinangsang | tyang Madura Surawèsthi | datan wigih binendrong ing kalataka ||
24. kadange Ki Adipatya | Surabaya kang nindhihi | kalawan atmajanira | Cakraningrat Madurèki | katiga pamuknèki | kadi banthèng tawan tatu | tan pasah dening braja | kawula giris umèksi | singa panggah pasthi yèn amanggih susah ||
--- 309 ---
25. kula dulu solahira | kalangkung saking sumêngit | kadya wong anagih potang | tanapi wadya pasisir | anglir wong naur gêthing | muring-muring sêmunipun | kèhnya tanpa wilangan | jêng pangeran amiyarsi | aturira Kyana Patih Sumabrata ||
26. saklangkung ngênês ing nala | anulya têtanya malih | pintên kèhe wong kang pêjah | matur Sumabrata Patih | datan kenging winilis | gêng alit wadya kang lampus | makatên ugi mêngsah | lageca imbalan angling | pan kasaru têlike jêng pangran prapta ||
27. Wiragati aranira | lajêng sumaos ing ngarsi | Pangeran Arya Mataram | pangandikanira aris | kayaparan kang warti | Wiragati ingong tuduh | Wiragati tur sêmbah | kawula sampun anêlik | andombani rakanta kang madêg nata ||
28. mangke praptèng Salahtiga | raka paduka sang aji | amakuwon sawadyanya | tanapi wadya pasisir | nèng Salahtiga mrêgil | kang dados lajêring ripu | Panêmbahan Madura | lan Dipati Surawèsthi | kalihira dhinahar saaturira ||
29. pun Adipati Jangrana | tigang èwu kang prajurit | têguh timbul sura ing prang | pun Cakraningrat angirid | wadya tri èwunèki | dulangmangap wastanipun | miwah Kumpêninira | pun amral ingkang nindhihi | wadya Ambon Têrnate Bugis Mêkasar ||
30. pênuh anèng Salahtiga | kalih èwu kathahnèki | wadyane raka paduka | kalêbêt tyang magêrsari | saking Madura gusti | kathahipun kalih èwu [è...]
--- 310 ---
[...wu] | kang sèwu wastanira | wadya jayèngpati tuwin | judhipati sèwu panatasing nyawa ||
68. Mêgatruh
1. magêrsari gusti saking Surèngkewuh | kalih èwu kathahnèki | punika kêkasihipun | winastan wong bosên urip | kajawi wadyaning katong ||
2. abdi lami ingkang saking ing Matarum | sampun ingangkat bupati | mantri tanapi panèwu | kaparak rôngga ngabèi | miwah gandhèk mantri anom ||
3. jêng rakanta sampun kawijil ing dhawuh | lamun kasoran ing jurit | apan botên nêdya wangsul | mundur dhumatêng Sêmawis | pratignya sirnèng palugon ||
4. yèn tan bêdhah Kartasura rêmbagipun | niyat sarêng angêmasi | ajura têngahing pupuh | botên sinêdya ing kapti | yèn oncata ing palugon ||
5. putranipun Panêmbahan Madurèku | Suradiningrat wêwangi | myang Jangrana ingkang sunu | Jayapuspita wêwangi | kalawan kadangnya anom ||
6. Radèn Panji Surèngrana wastanipun | kang pinuja siyang ratri | putra tuwan sang aprabu | sinêdya agênti kêris | gandhèng kunca arêbut rok ||
7. sakalangkung ing pangônta-antanipun | dhatêng putranta sang aji | lir tiyang angandhut nêpsu | asimpên raosing galih | angandhut sakit ing batos ||
8. tiyang tiga punika sêsumbaripun | aja na ingkang ngrewangi | sun rêmuke ing kadhatun | Kartasura ing saiki | sun bandane sang akatong ||
9. dudu ratu pratingkahe
--- 311 ---
kaya jagul | putune wong adol kulit | dadak arêp dadi ratu | amêngku rat nusa Jawi | turune wong bêlèh kêbo ||
10. Sumabrata miyarsa saklangkung gugup | sakala anulya pamit | maring Kartasura mantuk | lan sagung punggawa mantri | kang mêntas kasor palugon ||
11. samya tumut ki patih sadayanipun | Pangeran Arya Matawis | langkung ngênês galihipun | sarta aclum ulatnèki | myarsa atur kang mangkono ||
12. dangu-dangu anglocita ing jro kalbu | mangkana ciptaning galih | manirèki badhenipun | mungsuhan lan kadang yêkti | pulunan kang ingsun rojong ||
13. sayêktine ing tindak cêdhak sadulur | myang pulunan tandhingnèki | awit dening iku angur | ingsun gawea bêbêcik | mring kakang prabu ing mêngko ||
14. sigra pangran utusan kêkasihipun | Wôngsamênggala rannèki | sampun winêling ing atur | caraka sigra lumaris | ing marga tan winiraos ||
15. sampun prapta ing Salahtiga anjujug | Panêmbahan Madurèki | Wôngsamênggala cumundhuk | lajêng dènnya manganjali | nulya lênggah awotsinom ||
16. kang nawala mring panbahan sampun katur | panêmbahan nuksmèng tulis | kalangkung suka ing kalbu | caraka binêkta aglis | sowan pasanggrahan katong ||
17. kawarnaa wau kangjêng sang aprabu | lagya sinewakèng mantri | Patih Cakrajaya ngayun | para mantri munggèng
--- 312 ---
wuri | kathah wadya ingkang saos ||
18. Ki Sujanapura Wirasananipun | Wirasantika Ngabèi | Ki Citrasoma Tumênggung | Jangrana ing Surawèsthi | Sumadimênggala saos ||
19. angandika wau kangjêng sang aprabu | hèh ki besan ing Sêmawis | wong Sampang lan Surèngkewuh | ngong nyana kasoran jurit | duk angrangsang biting mungsoh ||
20. yèn kangsoran[18] sun arsa ngawaki pupuh | Jayapuspita turnya ris | abdi dalêm kang saèstu | gusti sampun nolèh wuri | amargi karoban mungsoh ||
21. nuntên paman Panji Surèngrana têguh | lan Suradiningrat gusti | makatên pambêkuhipun | yèn ingsun timbang puniki | lawan sihira sang katong ||
22. kang rumêntah marang ingsun wong têtêlu | misih kurang mungsuh iki | yèn iku tikêl sapuluh | lagi timbang sihing gusti | kang dhumawah mring wak ingong ||
23. mila lajêng katri ngrangsang bitingipun | rumaos kawula gusti | kados andulu dyah ayu | wadyabala Kartawani | yudanipun langkung tanggon ||
24. nanging tingal ulun katiga pukulun | ningali tyang Kartawani | kados aningali wêdhus | jêr ratune ambêk juti | arêmên karya sak ing wong ||
25. mila dados wadyane gusti kadulu | kadya kucing gêring mêngi | tarkadhang kèksi lir wêdhus | ical sipatipun janmi | wontên madyaning palugon ||
26. jêng sinuhun miyarsa suka ing kalbu | ginanjar busana
--- 313 ---
sami | katrinya sarêng asujud | Panêmbahan Madurèki | prapta ngayunan sang katong ||
27. gya manêmbah panêmbahan nguswa suku | lajêng lênggah munggèng ngarsi | saksana alon umatur | patikbra atur udani | rayi paduka sang katong ||
28. Jêng Pangeran Arya Mataram pukulun | utusan akintun tulis | lah punika dutanipun | ngandika sri narapati | kinongkon apa maring ngong ||
29. ing ari mas Pangeran Arya Matarum | punang duta awotsari | ulun dinuta pukulun | dhatêng rayi dalêm gusti | angaturkên mring sang katong ||
30. rayi dalêm atur pêjah gêsangipun | inggih arsa manganjali | mangèstupada sang prabu | badhenipun nglawan jurit | mung samudana kemawon ||
31. padhangipun ing margi rinta kang nanggung | sampun wancak driya gusti | ari paduka sang prabu | ingkang mêngakakên kori | suka miyarsa sang katong ||
32. ing ature punang duta kang kadyèku | saksana ngandika aris | yayi mas ing mêngko wurung | dènnyarsa ngayoni mami | pamucungirèng palugon ||
69. Pocung
1. nora èstu dènnya yun magut ing pupuh | angêmbari ingwang | mung samudana ing jurit | lah ta iya nuli sira umatura ||
2. mring gustimu ariningsun kang satuhu | dènnyarsa mrih yogya | anungkul marang ing mami | sun tarima yayi mas ing têlukira ||
3. sigra mundur caraka sarya wotsantun [wotsa...]
--- 314 ---
[...ntun] | mêsat sing ngayunan | gêgancangan lampahnèki | sampun panggih kalihan ing gustinira ||
4. nulya matur purwa praptèng wêkasipun | wau jêng pangeran | saklangkung sukaning galih | tandya enggal parentah anata bala ||
5. badhe mêthuk yuda reka-rekanipun | bala pra santana | wus samya angati-ati | praptèng Kênthèng malèbère barisira ||
6. de ta wau jêng sunan kang munggèng kuwu | nagri Salahtiga | wus budhal sawadyanèki | panganjure misih bala ing Madura ||
7. Surèngkewuh samarga-marga gumuruh | sru asurak-surak | carabalène angrangin | wor swaraning tambur Kumpêni brang-brangan ||
8. lampahipun praptèng dhusun Kênthèng sampun | bala ing Madura | sarêng wau aningali | punang mêngsah enggal sami nêmpuh sura ||
9. tandangipun lir bangthèng kataman tatu | angêsuk ing mêngsah | sagung wadyèng Kartawani | gila mulat tandange wadyèng Madura ||
10. dèrèng dangu têmpuhira ing apupuh | nulya senapatya- | nira wadya Kartawani | ngrumiyini lumajêng anêbas-nêbas ||
11. balanipun nulya nututi lumayu | sarêng grubyugira | salang tunjang niba tangi | swaranira kadya ngobahkên bantala ||
12. wus tan ngetung dêdamêl dandosanipun | kathah kang tinilar | wadya Sampang Surawèsthi | sakalangkung suka sami ambêbandhang ||
13. ya ta wau[19]||
1 | kawula (kembali) kawula |
2 | Sengkalan: trus sêmbah angrasa tunggal (1629 A.J, 1705/06 A.D.). (kembali) Sengkalan: trus sêmbah angrasa tunggal (1629 A.J, 1705/06 A.D.). |
3 | Guru lagu seharusnya 8i: ing Cêngkalsèwu kang bumi (kembali) Guru lagu seharusnya 8i: ing Cêngkalsèwu kang bumi |
4 | nênggih (kembali) nênggih |
5 | Guru lagu seharusnya 8u: ing Dêmak kinèn angirud (kembali) Guru lagu seharusnya 8u: ing Dêmak kinèn angirud |
6 | Surabaya (kembali) Surabaya |
7 | winarni (kembali) winarni |
8 | kapanggih (kembali) kapanggih |
9 | sumiwi (kembali) sumiwi |
10 | siniwèng (kembali) siniwèng |
11 | age (kembali) age |
12 | Sengkalan: trus loro angrasa siji (Kêmis, 29 Jumadilawal 1629 A.J., Sabtu, 19 September 1705 A.D.). [periksa] (kembali) Sengkalan: trus loro angrasa siji (Kêmis, 29 Jumadilawal 1629 A.J., Sabtu, 19 September 1705 A.D.). [periksa] |
13 | muncar (kembali) muncar |
14 | mulku (kembali) mulku |
15 | têtiga (kembali) têtiga |
16 | swaraning (kembali) swaraning |
17 | môngga (kembali) môngga |
18 | kasoran (kembali) kasoran |
19 | Naskah tidak lengkap. (kembali) Naskah tidak lengkap. |