Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068)

Judul
Sambungan
1. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 001–036). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
2. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
3. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 068–101). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
4. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 101–137). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
5. Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 137–173). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad Tanah Jawi.
Citra
Terakhir diubah: 17-04-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Bab 3. Karajan Mataram Nalika Jumênênge Senapati. 1582–1601.

Ana wong linuwih sinêbut Kyai Gêdhe Pamanahan, asale mung wong lumrah bae. Jalaran saka akèh lêlabuhane marang Sultan Pajang, banjur didadèkake patinggi ing Mataram. Nalika iku tanah Mataram durung rêja lan Pasar Gêdhe, padunungane Kyai Pamanahan mau, isih wujud desa.

Putrane Kyai Gêdhe Pamanahan kang asma Sutawijaya, Radèn Bagus, utawa Pangeran Ngabèi Loring Pasar iku dipundhut [dipun...]

--- 37 ---

[...dhut] putra angkat dening Sultan Pajang lan nganti diwasa tansah ana ing kraton, dadi mitrane Pangeran Bênawa. Ing taun 1575 Sutawijaya gumanti kang rama ana ing Mataram, olèh jêjuluk Senapati ing Ngalaga.[1]

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 1 dari 7
Karajan Jawa ±1580

Panêmbahan Senapati (Sutawijaya) bangêt ing pangarahe supaya bisa jumênêng ratu. Ing Mulud ora ngadhêp marang Pajang, lan Pasar Gêdhe didadèkake bètèng, ndadèkake kuwatire Sultan Adiwijaya. Kêlakon ora suwe banjur pêpêrangan, Adiwijaya kalah lan ing taun 1582 seda kacidra ing abdi aran Jurutaman. Kang pinilih gumanti jumênêng sultan iya iku Arya Panggiri putra Sultan Prawata kang kamantu ing Sultan Adiwijaya, dene P. Bênawa mung didadèkake adipati ana ing Jipang, bangêt andadèkake prihatine.

Kawula ing Pajang akèh kang ora sênêng marang Sultan Panggiri, banjur padha milu Sutawijaya, wasana Sutawijaya bêbarêngan lan Bênawa nglurugi Pajang, kêlakon bêdhah, awit wong Pajang padha mbalik ngiloni Sutawijaya lan Bênawa; kang sêtya marang sultan mung wong kang saka Dêmak lan prêjurit sewan (batur tukon) bangsa Bali, Bugis lan Mêkasar.

Sabubaring pêrang Bênawa pasrah Pajang sajajahane marang Sutawijaya kang banjur jumênêng ratu akêdhaton ing Mataram, upacaraning kêprabon uga kaboyong mênyang Mataram. Bênawa kari ana ing Pajang asêbutan sultan.

Senapati ngêrèhake Mataram ing taun 1586–1601. Jajahan-jajahan karaton Pajang kang wis kasêbut dhuwur karèhe marang Mataram kanthi ngrêkasa bangêt. Senapati kêpêksa kudu

--- 38 ---

kêrêp pêrang, kaya ta: pêrang karo Panaraga, Madiun, Pasuruan lan luwih-luwih karo Blambangan, nanging Blambangan ora nganti klakon têluk, mung kapêksa mêmitran. Bantên uga arêp ditêlukake, nanging iya ora bisa kalakon. Galuh pinêksa karèh Mataram.[2]

Ing nalika iku akèh kutha-kutha pêlabuhan kang rame, padha ditêkani wong Portêgis, ora lawas wong Walanda iya padha nêkani ing kono. Dêdagangane mrica, pala, cêngkèh, kapas lan barang-barang liyane akèh, nanging bab kawruh lan kagunan ora pati dipêrduli.

Ing taun 1601 senapati seda, kang gumanti putra, Mas Jolang. Pasareane senapati nunggal kang rama ana ing Pasar Gêdhe sarta padha pinundhi-pundhi.

Bab 4. Karajan Bantên lan Cirêbon Wiwit Jumênênge Sunan Gunung Jati (±1527) Tumêka Sedane Maulana Mohamad (1596).

Ing wiwitane abad kang ping 16 ing tanah Jawa Kulon ana nagara aran Pajajaran, kuthane aran Pakuan. Kutha pêlabuhan iya duwe, yaiku Bantên lan Sundha Kalapa, nanging dêdagangane durung gêdhe. Wiwit nalika Malaka ing taun 1511 kacêkêl ing bangsa Portêgis, para sudagar Islam padha dêdagangan ana ing pasisir lore tanah Jawa Kulon. Ing Bantên nuli ana pêdagangan gêdhe, dagangane mrica.[3]

Ing nalika iku ana wong Pasêi (Sumatra), agamane Islam, têka ing tanah Jawa Kulon mêrangi ratu ing Pêjajaran nganggo prajurit saka ing Dêmak. Wong Pasêi mau ing têmbene aran Sunan Gunung Jati, maune bokmanawa aran Faletehan. Iku ipene R. Trênggana. Marga saka pitulungane R. Trênggana ing taun 1527 bisa mbêdhah Sundha Kalapa (Jayakêrta utawa Jakarta) lan Cirêbon.

Ing taun 1552 Sunan Gunung Jati ing Bantên digêntèni kang putra jêjuluk Hasanuddin. Dene putra liyane kang asma Pangeran Pasarean, iku kang nurunake para sultan ing Cirêbon.[4]

Faletehan seda ing taun 1570 ana ing Cirêbon lan disarèkake ana ing punthuk Gunung Jati.

--- 39 ---

Kutha Pakuan bêdhahe sawise taun 1570. Wong-wong ing tanah Jawa Kulon banjur pinêksa manjing Islam.

Nalika Faletehan seda kang jumênêng sultan ing Cirêbon Panêmbahan Ratu, yaiku buyute Faletehan mau.

Hasanuddin iku krama olèh putrine Pangeran Trênggana. Barêng Pangeran Trênggana seda, karaton Bantên banjur madêg dhewe (1568). Hasanuddin uga nêlukake Lampung, sarta Raja Indrapura ngaturake putrane putri minangka garwa.[5]

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 2 dari 7
Pasareane S. Gunung Jati

Kutha Bantên dadi rame lan pêlabuhane gêdhe. Alanging kutha urut pasisir ana 750 M. Dene ujure marang dharatan ±1.600 M. Prau-prau bisa lumêbu ing kutha mêtu ing kali kang nrajang kutha mau; saiki kaline wis kêwalêdan wêdhi. Kutha mau kang sasisih dipagêri lan ana gêrdhu-gêrdhune panggonan prajurit jaga tuwin panggonan mriyêm.

Hasanuddin seda ing taun 1570, kasarèkake ing Sabakingking. Kang gumanti kaprabon Pangeran Yusup.[6]

Nalika iku wong Bantên yèn nandur pari lumrahe ana ing patêgalan (ladhang). Sawise diênèni, wis ora ditanduri manèh; wong-wonge banjur golèk panggonan liya digawe ladhang, yèn wus panèn iya dibêrakake manèh. Sing kaya mangkono iku tumraping lêmahe mêsthi bae ora bêcik. Barêng Pangeran Yusup jumênêng sultan, wong-wong padha didhawuhi sêsawah. Jalaran saka iku wong tani iya kêpêksa milih panggonan sing têtêp, ora pijêr ngolah-ngalih, iku njalari anane desa-desa. Pangeran Yusup uga dhawuh yasa bêndungan lan susukan-susukan pêrlu kanggo ngêlêbi sawah.

--- 40 ---

Sing mbêdhah kutha Pakuan iku iya Pangeran Yusup. Ratu ing Pakuan seda, para luhur ing kono padha mlêbu dadi Islam. Sawênèh ana sing ngungsi marang pagunungan ing Bantên kidul; kang sinêbut wong Bêduwi iku turune wong-wong sing padha ngungsi mau.

Pangeran Yusup lumrahe karan Pangeran Pasarean (tunggal jêjuluk karo kang paman ing Cirêbon).

Ing sasedane P. Yusup, Pangeran Jêpara utawa Pangeran Arya anjaluk jumênêng sultan, nanging ora bisa klakon, jalaran saka sêtyane Mangkubumi (patih) ing Bantên marang Pangeran Yusup.

Kang gumanti Pangeran Yusup, putra kang sêsilih Maulana Mohamad. Nalika iku yuswane lagi 9 taun, mulane nganggo diêmbani ing Mangkubumi.[7]

Sing marentah kutha Jakarta sêbutan pangeran; dhisike Ratu Bagus Angke lan tumurun marang putra. Kutha mau kinubêng ing pagêr, ing jêrone pagêr ana mêsjide, omah gêdhèg sing didalêmi sang pangeran, alun-alun lan pasar. Iku mau kabèh dumunung ing pusêring kutha. Dagangane ora pati gêdhe kaya ing Bantên. Tanah-tanah sakubênge kutha isih kêbak buron alas.

Cirêbon uga ngreka daya bisane mardika uwal saka Bantên. Sultan Cirêbon mbawahake saperangane tanah Priyangan. Watêse kang wetan Banyumas, kang kulon Cimanuk (Citarum).

Barêng sêpuhe, Pangeran Mohamad ing Bantên ditrêsnani ing kawula, jalaran saka mursid lan wasis. Sang pêpatih Jayanagara bangêt sêtya marang ratune. Nalika iku Sultan Mohamad diaturi nglurugi Palembang dening Pangeran Mas, wayahe Sunan Prawata. Sanadyan patihe malangi, nanging Sultan Mohamad ngrujuki; kalakon ing taun 1596 Palembang dilurugi. Wadyabala ing Bantên wis ngira bakal mênang, dumadakan nalika Sultan Mohamad pinuju dhahar, kataman ing mimis, dadi lan sedane. Sêdane mau digawe wadi, mung wadyabala diundhangi bali marang Bantên. Barêng layon arêp disarèkake, ing kono wong-wong lagi wêruh yèn sultane seda, lan ing wêktu iku uga Pangeran Aboelmafachir dijumênêngake sultan, nanging yuswane lagi sawatara sasi, mulane pamarentahing nagara kacêkêl ing Mangkubumi manèh, dibantoni Nyai Êmban Rangkung, kang jalaran saka wicaksanane karan: ratu putri ing Bantên.[8]

Ing pungkasane abad kang ping 16 Bantên iku dadi kutha padagangan kang gêdhe dhewe ing satanah Jawa.

--- 41 ---

Wong manca kang ana ing kono: wong Pèrsi, wong Indhu saka Gujarat, wong Turki, Arab, Portêgis, Mêlayu lan wong Kêling. Wong-wong ngamanca mau lumrahe ngingu batur tukon lan juru basa. Luwih-luwih wong Cina, ing Bantên akèh bangêt. Bangsa Cina manggone ana sajabaning temboking kutha, lan omahe apik-apik. Panggaotane wong manca padha kulak mrica. Sing nganakake dhuwit timbêl (kèthèng, gobang) ing Bantên iya wong-wong ngamanca mau. Dhuwit timbêl 1.000 pêngajine ±20 sèn.[9]

Pangan ing Bantên murah bangêt, dhuwit 20 sèn bae tumraping wong ngamanca, wis turah-turah kanggo sadinane. Hawane ing kutha ora bêcik, jalaran kali Bantên ing biyène bêcik, banjur dadi cêthèk lan rêgêd. Dalan-dalan padha kurugan ing wêdhi. Omah-omahe isih gêdhèg, mung sênthonge pasimpênan wis tembok. Para priyayi padha duwe pakarangan isi wit krambil. Sangarêping omah ana pêndhapane lan ing pojoking latar sok ana langgare. Kêjaba mêsjid gêdhe lan pêsantrèn, ing Bantên mung ana omah gêdhong siji, yaiku omahe Syabandar. Kajaba para luhur, wong kang ngibadah ora akèh.

Para luhur padha ngagêm sarung sutra, (têrkadhang sinulam ing bênang êmas) sêrban lan kêris. Kênakane diingu dawa, wajane dipasahi lan tinrètès ing mas utawa disisigi. Ngagême sêpatu utawa sêlop mung yèn ana ing dalême bae. Pandhèrèke ana sing ngampil wadhah kinang, kêndhi, payung, lampit lan tumbak. Para luhur mau (para punggawa) padha milu ngêrèh praja.

Ing mangsa pêrang para prajurit olèh kêre, sandhangan lan pangan. Para punggawa mau padha ngingu batur tukon akèh. Ing Bantên sing nyambutgawe têmênan mung para batur tukon, wong cilik liyane mèh ora nyambutgawe, mulane padha ora kêcukupan. Yèn ana wong ora bisa mbayar utange, iku banjur dadi batur tukon saanak bojone.

Wong kêmalingan ing Bantên akèh; maling kang kêcêkêl, kêna nuli dipatèni. Wong kang dosa pati, kêna nêbus dosane sarana mbayar dhêndha marang Sri Sultan. Yèn ana wong lanang mati, sultan wênang mundhut anak bojone wong mau. Jalaran saka iku akèh wong isih kênomên ênggone padha omah-omah. Kuwasane sultan gêdhe bangêt, nanging prakara nagara lumrahe dirêmbug karo para luhur; pangrêmbuge wayah bêngi ana ing alun-alun. Para luhur mau kang kuwasa bangêt Mangkubumi (patih), laksamana (panggêdhening prau lautan) lan senapati.

Ing jaman samana kaanane kutha-kutha ing tanah Jawa kurang luwih iya mèmpêr karo kutha Bantên iku.

Bab 5. Wong Portêgis lan Sêpanyol. 1513.

Wiwit jaman Rum mula wong Asiah iku wis wiwit lawanan dêdagangan lan wong Europa. Dagangan saka Asia wetan, kaya ta: tanah Indhu, Cina apadene kapuloan Moloko digawa ing kafilah, mêtu ing Afganistan, Pèrsi, Syrie (Sam), banjur mênyang Egypte (Mêsir), jujuge ing Alêxandrie. Dagangan mau saka kono banjur dikirimake mênyang kutha-kutha pêlabuhan ing sapinggire Sagara Têngah, kaya ta: Rum, Venetie lan Genua; banjur disêbarake ing nagara liya ing Europa. Lakune kafilah saka Indhustan ngrêkasa bangêt, jalaran ana ing dalan kêsuwèn, mangka kêrêp diadhang ing begal. Marga saka iku pamêtune tanah Asia ana ing Europa dadi larang bangêt, samono uga bumbon saka kapuloan Moloko.[10]

Barêng wong Turki mèlu-mèlu gawe kasusahaning kafilah mau, bangsa-bangsa Europa liyane banjur arêp mbudi akal bisane olèh dagangan saka tanah Asia dhewe, ora nganggo mêtu dharatan, dadi arêp ngambah sagara bae.

--- 42 ---

Nalika abad kang kaping 15 ing tanah Europa wus ana bangsa kang kêndêl bangêt lêlayaran, yaiku bangsa: Portêgis.[11]

Bangsa iku ênggone lêlayaran saya suwe saya mangidul, nganti nêmu pulo lan tanah pirang-pirang ênggon, wasana pasisire tanah Afrika kang sisih lor kulon wus kawruhan kabèh. Ing taun 1486 ana nakoda bangsa Portêgis aran Bartholomeus Dias, bisa têkan ing pongole buwana Afrika kang sisih kidul dhewe.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 3 dari 7
Praune Vasco de Gama

Ing taun 1498 kêlakon ana nakoda Portêgis aran Vasco de Gama têkan ing Kalikut, kutha ing tanah Indhu.[12]

Wong Portêgis nuli miwiti lêlawanan dêdagangan lan wong Indhu, lan nênêlukake kutha pêlabuhan kang rame-rame ing tanah Indhu kono. d'Albuquerque kang wus katêtêpake jumênêng prabu anom ing Asia nuli ngumpulake prau pêrang kanggo mêrangi kutha-kutha pêlabuhan; Goa, Ormus lan Malaka gênti-gênti dikalahake. Iya jamane d'Albuquerque (1509–1515) iku mumbul-mumbule wong Portêgis, nguwasani tanah-tanah pasisir ing Samodra Indhiya têkan Macao.

--- 43 ---

Barêng wong Portêgis wis bisa manggon lan duwe panguwasa ana ing Malaka, ing taun 1513 nuli ana nakoda aran d'Abreu, layar mênyang Moloko. Lakune nganggo mampir-mampir, kaya ta: mênyang Grêsik. Ing wêktu samono Grêsik wis dadi kutha padagangan gêdhe, wong-wonge wis padha Islam.[13] Wong Portêgis mau ana ing tanah Jawa Têngah lan Wetan sasat tansah dimungsuh bae, mung ana ing Panarukan bisa mêmitran lan wong bumi, jalaran wong ing kono isih mardika, durung Islam lan durung kaêrèh marang Dêmak. Rèhne wong Portêgis ana ing tanah Jawa Têngah lan Wetan tansah ngrêkasa bangêt, mulane banjur ana kang nyoba arêp lêlawanan dagang lan Bantên. Ing sakawit ana ing Bantên ditampani bêcik, nanging nuli wong Portêgis lan wong Bantên kêrêp cêcongkrahan, jalaran padha dene ora pêrcayane. Wasana ênggone dêdagangan wong Portêgis kang dipêng ana ing Moloko lan pulo Timur.[14]

Nalika wong Portêgis têka ana ing tanah Indhiya kang anggêdhèni laku dagang ing kapuloan Moloko bangsa Jawa, nanging barêng Malaka bêdhah, wong Jawa kêdhêsuk saka kono lan saka kêpuloan Moloko, banjur karingkês pasabane, kang anggêdhèni gênti wong Portêgis, malah ing taun 1522 ing Têrnate wis diêdêgi bètèng, sarta wong Portêgis wis prajanjian lêlawanan dagang ijèn-ijenan (monopolie) lan sultan ing kono. Ing têmbene kang dadi dhok-dhokane wong Portêgis ing Ambon lan Bandha.[15]

Ana ing pulo-pulo Moloko lan ing pulo-pulo Sundha cilik sisih wetan wong Portêgis padha mêncarake agama Kristên.

Barêng wong Portêgis wis olèh dalan mênyang tanah Indhiya, wong Sêpanyol iya banjur arêp nyoba uga mênyang tanah Indhiya dhewe. Wong Gênua aran Christophorus Columbus layar saka Sêpanyol mangulon atas asmane sang nata ing Sêpanyol. Saka panêmune Chr. Columbus wus têtela yèn jagad iku bundêr kêplêng, dadi yèn saka Sêpanyol têrus layar mangulon mêsthi banjur têkan ing jagad sisih wetan yaiku ênggone tanah Indhiya. Yèn saka Indhiya ditêrusake mangulon bae, mêsthi banjur bali têkan ing Sêpanyol manèh. Ing taun 1492 kêlakon Chr. Columbus nêmu kapuloan kang diarani kapuloan Indhiya jalaran pamêtune akèh èmpêre lan tanah Indhiya, nanging ora antara suwe têtela yèn kapuloan mau dudu Indhiya, mulane mung banjur diarani kapuloan Indhiya kulon. Mungguh satêmêne kapuloan Indhiya kulon iku wêwêngkone buwana Amerika.[16]

Saking kêpengine marang kauntungan lan misuwuring jênêng, banjur akèh bae wong Sêpanyol kang napak dalane Chr. Columbus padha layar mangulon kêtug ing Amerika. Sawise buwana Amerika kawruhan, nuli ana wong Portêgis kang aran Magêlhaèns kang nêdya mênyang Indhiya mêtu Amerika atas asmane Ratu Sêpanyol. Mangkate Magêlhaèns sakancane wong Sêpanyol ing taun 1519 lakune nurut pasisire Amerika sisih kidul, njêbul supitan ing saantarane pongol Amerika kang kidul dhewe lan pulo Vuurland, saka kono têrus ngalor ngulon nrajang Samodra Gêdhe, anjog ing kapuloan Filipina.[17]

--- 44 ---

Wong Sêpanyol nuli layar mênyang Moloko, anjog ing Tidhore. Sultan Tidhore bungah bangêt, awit bakal olèh lêngganan bangsa Europa, mangka nalika d'Abreu têka ing Ambon diajak lêngganan ora gêlêm, gêlême mung karo Sultan Têrnate.

Sarèhne wong Sêpanyol, kancane Magêlhaèns, kalah santosa karo wong Portêgis, mulane barêng dimungsuh, banjur kapêksa mlayu mênyang Jilolo, saka kono têrus layar mangulon, nutugake ênggone ngubêngi bumi, têkane ing Sêpanyol manèh taun 1522. Iya wong Sêpanyol kang dipanggêdhèni Magêlhaèns iku kang ngubêngi bumi sapisanan.

Wong Portêgis barêng sumurup ana wong Sêpanyol têka, bangêt panase, ngudi supaya lungane wong Sêpanyol saka tanah Indhiya, dadi bangsa loro mau padha mêmungsuhan. Nanging ing taun 1529 padha bêdhami, jalaran watêsing jajahan dipasthèkake dening Kangjêng Paus.

Wiwit taun 1542 bangsa Sêpanyol nêluk-nêlukake pulo-pulo Filipina. Jênêng Filipina iku kapirit asmane ratu ing Sêpanyol Filips II. Lan ana ing pulo-pulo mau banjur padha mêncarake agama Kristên.[18]

Bab 6. Têkane Wong Walanda. 1596.

Ing abad kang kaping 15 ing nagara Walanda bab misaya iwak maju bangêt (iwak haring). Iwake didol, sumrambah ing satanah-tanah Europa. Jalaran saka iku prau-prau momot barang dadi saya akèh. Prau-prau momotan mau kêjaba momot iwak, uga nggawa barang-barang liyane, kaya ta: mêrtega, kèju lan lakên saka Nèdêrland didol mênyang Europa sisih lor lan kidul. Saka Portêgal wong Walanda kulak anggur lan uyah; saka tanah-tanah sapinggire Sêgara Wetan gandum lan kayu, lan saka Inggris wulu wêdhus. Awit saka iku prau-prau momotan ing satanah-tanah Europa prasasat kabèh duwèking bangsa Walanda. Ing wiwitane abad kang ping 16 kutha Lissabon dadi jujuganing padagangan kang saka ing tanah Indhiya. Kang mêncarake dagangan mau mênyang ing tanah-tanah liyane saperangan gêdhe iya bangsa Walanda. Iku kabèh njalari wong Walanda banjur dadi sugih, wong kang maune mung ngêpalani prau-prau momotan, banjur dadi nakoda utawa sudagar.[19]

Ing pungkasane abad 16 wong Walanda bangêt pangudine marang ada-ada anyar lan bangêt kêpengine marang lêlakon-lêlakon kang durung tau dilakoni, luwih-luwih barêng krungu critane lêlayaran marang Indhiya saka wong-wong Walanda kang maune manggon ing Portêgal. Apamanèh ing nalika iku akèh sudagar-sudagar saka Nèdêrland kidul (Antwerpen) kang padha ngalih mêngalor.[20]

--- 45 ---

Kuwasane karajan Sêpanyol tansah suda, pêrang karo bangsa Walanda lan Inggris kêrêp kalah. Dêdagangan ing Lissabon tumrape bangsa Walanda banjur diêngèl-êngèl amarga wiwit ing taun 1580 Lissabon kêbawah Sêpanyol. Jalaran saka sêbab-sêbab ing dhuwur mau, bangsa Walanda kêncêng tekade arêp lêlayaran mênyang tanah Indhiya dhewe, bathine mêsthi bakal luwih akèh, awit bisa kulak dagangan saka ing panggonane asal.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 4 dari 7
Prau-praune Houtman têka ing tanah Walanda

Wiwitane nyoba lêlayaran mêtu lor ngubêngi buwana Asia, pêrlune nyingkiri bangsa Sêpanyol, yaiku mungsuhe. Sarèhne layar mêtu lor iku têrang yèn rêkasa bangêt, istingarah ora bisa kêlakon têkan tanah Indhiya, nuli wong Walanda arêp nekad mêtu kidul nurut pasisire buwana Afrika kaya wong Portêgis. Cacahing prau kang arêp mangkat ana 4, kang ngêpalani aran Cornelis de Houtman iku wis bisa olèh katrangan dalane mênyang

--- 46 ---

Indhiya ana ing Lissabon. Dene kang dadi lêlurahing jurumudhi wong pintêr ing ngèlmu bumi aran Pieter Keyzer. Ing tanggal 2 April taun 1595 padha mancal saka dharatan. Lakune ana ing dalan ngrêkasa bangêt, nanging tanggal 23 Juni 1596 kêlakon tumêka ing Bantên.[21]

Satêkane ing palabuhan Bantên praune wang[22] Walanda dirubung ing prau cilik-cilik padha nawakake wowohan lan dodolan warna-warna. Ora suwe ing dhèk kêbak wong Jawa, Arab, Cina, Kêling lan Turki padha nawakake dêdagangan. Wong Walanda mêdhun mênyang dharatan; ing kono wis ana cawisan omah kanggo bukak toko. Sawuse têkan dharatan banjur dodolan lan kulak dêdagangan kang diimpi-impi, yaiku mrica. Nanging barêng rêrêmbugan, banjur padha pasulayan.

Wong Portêgis wêruh kang mêngkono iku nuli ngrekadaya supaya wong Walanda disêngiti ing wong Bantên. Apamanèh Cornelis de Houtman iku wani kasar karo Mangkubumi ing Bantên, lan sarèhning wong Bantên kuwatir bokmanawa kutha Bantên bakal ditibani mimis saka ing praune wong Walanda, Cornelis de Houtman sakancane wolu dicêkêl lan dilêbokake ing kunjara. Cornelis de Houtman lan kancane wolu pisan mau iya nuli luwar, nanging sarana ditêbus. Barêng wong Portêgis mbêbangus manèh marang wong Bantên, wong Walanda banjur lunga saka Bantên, awit uga wêruh yèn ora bakal bisa olèh dêdagangan ana ing kono. Wong Walanda banjur layar mangetan urut pasisir loring tanah Jawa nganti têkan Bali. Saka kono banjur bali mênyang nagara Walanda urut pasisire tanah Jawa kang sisih kidul.[23]

Têkane ing nagara Walanda praune kang maune papat mung kari têlu, wong kang maune 248 mung kari 89. Lan barang dagangan sing digawa apadene bathine mung sathithik bangêt. Nanging sêdyane kang gêdhe wis kalêksanan, iya iku mêruhi dalane mênyang tanah Indhiya.

Nalika taun 1598 ana prau Walanda manèh têka ing Bantên, kang manggêdhèni Jacob van Neck. Sarèhne van Neck mau wong kang alus bêbudène ora kasar kaya de Houtman, dadi wong Walanda ditampani kalawan bêcik, dipèk atine kênaa dijaluki tulung yèn ana nêpsune wong Portêgis, malah van Neck olèh palilah katêmu lan sang timur Aboelmafachir ratu ing Bantên lan van Neck ngaturi tinggalan tuwung mas. Wong Walanda sêdhela bae olèh dagangan mrica akèh.[24]

Wiwit ing nalika iku akèh prau-prau Walanda kang têka ing Moloko kulak mrica, pala lan cêngkèh.[25]

Jujugane prau kang mênyang tanah Indhiya iku ing Bantên, dalasan prau kang saka ing Moloko, sanadyan wus kêbak dagangan, kang mêsthi iya nganggo mampir. Suwe-suwe plabuhan ing Bantên saya rame dening prau Walanda kang têka lunga ing kono.

--- 47 ---

Ing waktu iku Sêpanyol lan Portêgis wiwit ngêdèng ênggone pêrang karo bangsa Walanda ing tanah Indhiya[26].

Andreas Furta?o de Mendoça nggawa prau 30 saka Goa layar mênyang tanah Indhiya, arêp dhêdhawuh marang para panggêdhe ing sakèhing kutha plabuhan nglarangi nampa wong Walanda; sakèhing wong Walanda kang wus ana ing kono kudu ditundhung. Ing taun 1601 ana prau Walanda têka ing supitan Sundha, kang manggêdhèni Wolphert Harmens. Ana ing dalan Wolphert Harmens wis olèh pawarta yèn Bantên dikêpung ing balane Furtadho pêrlu nglungakake wong Walanda lan anggunêmi marang pangeran ing Bantên aja nganti ngayomi sakèhing Walanda. Sanadyan praune Harmens mung lima, nanging nekad nêmpuh praune wong Sêpanyol. Salungane wong Sêpanyol saka ing Bantên, Harmens mlêbu ing plabuhan munggah mênyang kutha.

Ora antara suwe ana prau Walanda têka manèh, panggêdhene aran Jacob van Heemskerck. Ana ing kono Heemskerck sêdhela bae wis olèh dêdagangan akèh, praune kang lima kêbak, nuli dilakokake bali mênyang nagara Walanda. Dene prau sakarine banjur layar mênyang Grêsik.

Ana ing Grêsik kono Heemskerck ngêdêgake kantor padagangan. Kantor iku ana ing tanah Jawa Wetan dadi kantore wong Walanda kang kawitan. Heemskerck sawise kêbak praune banjur bali mênyang nagara Walanda.[27]

Ing wêktu iku para sudagar Inggris iya wis padha bathon nglakokake prau mênyang tanah Indhiya. Ing taun 1602 ana prau Inggris têka ing plabuhan Bantên nggawa layang lan pisungsung saka ratune. Wong Inggris ditampani kêlawan bêcik, dadi gampang nggone golèk dagangan, sarta banjur kaidenan ngêdêgake kantor.

Bab 7. Adêge Vereenigde Oost-Indische Compaigne (V.O.C.). 1602.

Praune wong Walanda kang padha layar mênyang tanah Indhiya iku duwèke maskape-maskape cilik. Sanajan kang nduwèni tunggal bangsa lan kabèh padha tulung-tinulung yèn ana bêbayaning dalan, ewadene mungguh ênggone dêdagangan ora pisan bisa rukun, malah padha jor-joran murih bisa olèh dagangan akèh. Barêng paprentahan luhur ing nêgara Walanda nguningani prakara iku banjur kagungan sumêlang. Saka karsane paprentahan luhur maskape Walanda mau didadèkake siji aran Vereenigde Oost-Indische Compaigne (V.O.C.), yaiku: Pakumpulan [Pakum...]

--- 48 ---

[...pulan] dêdagangan ing tanah Indhiya wetan. Adêge nalika tanggal 20 Maart 1602.[28]

V.O.C. mau diparingi wêwênang dêdagangan ana ing sawetane Kaap de Goede Hoop têkan ing supitan Magêlhaèns, dene maskape utawa sudagar liya ora kêna mèlu-mèlu dêdagangan ing kono (monopolie). Wêwênang panunggalane ing dhuwur iku:[29]

V.O.C. kêna nganakake prajanjian atas asmaning Staten-Generaal karo sakèhing nagara kang klêbu jajahane. Kajaba iku compaigne kêna nganakake prajurit, gawe bètèng, gawe dhuwit lan nêtêpake gouverneur lan punggawa liyane. Sakèhing punggawa kudu sumpah kasusêtyane marang Staten-Generaal lan pangrèhing compagnie.

Ing sabisa-bisa V.O.C. kudu mèlu nglawan mungsuhe nagara Walanda.

Pawitane compagnie iku olèhe adol layang andhil, siji-sijine andhil ora mêsthi padha rêgane, ana kang f 10.000 lan ana kang mung f 50. Dene kang kêna tuku andhil mau iya sadhengah wong. Ora lawas V.O.C. wus olèh pawitan f 6.500.000.[30]

Ing sakawit warga pangrèh (Bewindhebber) ing tanah Walanda ana 73, nanging ora lawas mung ditêtêpake 60.[31]

Para Bewindhebber mau akèh kauntungane, kaya ta: sabên ana prau têka saka tanah Indhiya mêsthi olèh bagean 1% ne ajining momotane prau, mulane pangkat bewindhebber mau dadi pêpenginan. Bewindhebber iku ana 17 kang pinilih kuwajiban nyêkêl paprentahan compagnie ing sabên dinane. Pangrèhe compagnie iku aran "Heeren XVII, Directeuren utawa Majores".

Sabên 10 taun para Bewindhebber kudu awèh katrangan pêlapuran (verslag) bab panyêkêling paprentahan marang Staten-Generaal lan para aandeelhouder.

Prau-praune Compagnie kang dhisik dhewe mangkat mênyang tanah Indhiya dipanggêdhèni Van Waerwijck, angkate ing taun 1602 uga. Sakèhing lojine maskape-maskape lawas banjur didadèkake lojine V.O.C.[32]

Loji utawa factorij iku wujud kantor diubêngi ing gudhang-gudhang lan omahe para punggawa. Mungguh pêrlune loji mau kanggo tandhon dagangan. Dagangan mau diklumpukake ngêntèni têkane prau-prau. Factorij iku têrkadhang kinubêng ing bètèng tembok utawa tanggul, nanging kang mangkono iku ora mêsthi, awit para ratu bangsa bumi kêrêp ora marêngake. Kèhing factorij saya wuwuh, nanging têrkadhang yèn arêp ngadêgake factorij anyar iku nganggo ngêsur ngalahake wong Portêgis dhisik, kaya ta: nalika taun 1603 ana ing Bantên, ora lawas ing Grêsik, Johor, Patani, Makasar lan Japara iya dianani factorij. Factorij ing Patani pêrlune kanggo lêlawanan karo nêgara Cina, Jêpang lan Indhiya buri, awit dikira ngolèhake kauntungan akèh, nanging jêbul ora.

Karo Ceylon lan Acih Compagnie iya lêlawanan dagang, nanging ing sakawit mung sathithik pakolèhe.

--- 49 ---

Dagangan tanah Indhiya kang ngolèhake kauntungan akèh iya iku bumbon crakèn, mulane V.O.C. kêpengin bangêt mêngku kapuloan Moloko, kang iku para nakoda padha diwangsit, supaya mêrlokake ngudi bisane nêkêm kapuloan bumbon crakèn mau, yèn ora kêna dilusi sarana prajanjian iya kanthi wasesa.

Ing saênggon-ênggon anggêr compagnie bisa bêcik karo ratu bangsa bumi mêsthi banjur nganakake prajanjian bisane lêngganan ajêg (monopolie). Pulo Ambon (cêngkèh) iku pulo kang dhisik dhewe dadi duwèking compagnie.

Ora suwe saka kêcêkêle pulo Ambon ing kuwasane V.O.C. pulo Bandha Nera (pala) lan Bacan iya banjur kêna dirêgêm.

Marga ênggone mênang pêrang iku, laku dagang bumbon crakèn katêkêm ing kuwasane Compagnie, sabab ana ing êndi-êndi, anggêr tanah kang wus kaayoman mêsthi dilarangi lêlawanan dêdagangan karo bangsa liya kajaba mung karo V.O.C. dhewe sarta regane dagangan dipêsthi (monopolie).

Para aandeelhoudere V.O.C. ing taun 1610 didumi bathi 75%, wujud dhuwit utawa pala, kêna milih ing sakarêpe, nuli diêdumi manèh 50%, dadi ing sataun bae tampane para aandeelhouder gunggung kumpul 132½%.

Nanging kauntungan samono iku mungguhing satêmêne kauntungan ing dalêm 8 taun, awit adêge V.O.C. wus ana 8 taun, mangka lagi mbayar anakan sapisan iku. Ing taun 1611 para aandeelhouder tampa manèh 30%, nanging tumêkane taun 1619 wis ora olèh manèh.

Wong-wong padha ora rujuk, yèn pambayaring anakan jag-jog ora ajêg kaya mangkono iku, têrkadhang glogok akèh bangêt, têrkadhang pirang-pirang taun ora olèh apa-apa.

Mulane sabakdane taun 1625 pambayare dipranata, ing sabisa-bisa diajêgake. Racake pambayaring anakan marang aandeelhouder mau ing sabên taun 18%. Kajaba panyêkêling dhuwit, cacading paprentahane compagnie, isih ana manèh, yaiku ênggone kukuh ngêncêngi tindaking monopolie, nganti akèh warga V.O.C. kang mêtu saka pakumpulan.

Ana sajabaning nagara Walanda compagnie uga duwe mungsuh kang nyumêlangi:[33]

1. Bangsa Inggris, iku ing taun 1600 wis nganakake Oost-Indische Compagnie, sarta ana ing Bantên lan Moloko wis duwe kantor akèh. Ing saênggon-ênggon bangsa Inggris tansah mbudidaya bisane ngêsur wong Walanda, mung bae ênggone mungsuh ora wani ngêdhèng, awit mundhak ndadèkake gèsrèking prentah Walanda lan Inggris ana ing Europa.[34]

2. Ing wêktu samono V.O.C. tansah mêrangi wong Sêpanyol lan Portêgis, awit tanah Walanda pêpêrangan lan bangsa loro mau ana ing Europa.[35]

V.O.C. lêlawanan dagang karo bangsa Cina sarta Jêpang. Ing taun 1608 ana prau Compagnie loro layar mênyang Jêpang. Ana ing kono Compagnie diidini dêdagangan lan ngadêgake loji.

--- 50 ---

Saka rêmbuge Frankrijk sarta Inggris, sanadyan Walanda lan Sêpanyol ora sida bêdhami, nanging ing taun 1609 mêksa lèrèn ênggone pêrang, padha sèlèh gêgaman ing dalêm 12 taun. Prakara tanah Indhiya katêmtokake ing prajanjian, yèn wong Walanda lêstari kêna ndarbèni jajahan ênggone ngrêbut wong saka Sêpanyol sarta Portêgis, nanging siji-sijining bangsa ora kêna dêdagangan ana ing jajahan kang wus dijègi ing liyan ing wêktu awiting sèlèh gêgaman. Mungguh ingatase tanah Indhiya awiting sèlèh gêgaman iku kang mêsthi kurang luwih lêt sataun karo ing Europa, awit tanah Indhiya nganggo ngêntèni udhuning dhawuh.

Ana ing Indhiya kêtara bangêt, yèn wong Sêpanyol ora nganggêp bêdhami sèlèh gêgaman iku; dadi V.O.C. kêpêksa tansah tata-tata nyêntosani wadyabala lan samêkta gêgamaning pêrang.

Bangsa Inggris lan Portêgis sok dibiyantoni ing wong bumi, mêrangi marang wong Walanda.[36]

V.O.C. iku ênggone ngrêgani bumbon crakèn saka kapuloan Moloko murah bangêt, dagangane dhewe dilarang-larang. Tindak kang mangkono iku ndadèkake karugiane bangsa bumi, wasana banjur padha dagang colongan lêlawanan lan wong Portêgis, Inggris utawa Jawa. Compagnie muring bangêt: kêbon-kêbon pala lan cêngkèh akèh kang dibabadi minangka paukumaning wong pribumi. Wong Bandha bangêt nêpsune, wuwuh-wuwuh dibombong wong Inggris. Admiraal Verhoeff, utusane V.O.C. dicidra dipatèni. Wasana ing taun 1609 pulo Bandha malah banjur kêna didadèkake jajahane V.O.C.

Marga saka pakewuh warna-warna iku V.O.C. duwe panêmu yèn pangrèhe kudu kukuh, dikuwasani wong suwiji. Nganti tumêkane wêktu sêmono, siji-sijining loji ana pangrèhe dhewe, para pangrèh ora mêrduli marang pangrèhe loji liyane. Wiwit tanggal 1 Sèptèmbêr taun 1609 sakèhing kantor lan èskadêr (kapal-kapal pêrang) ing tanah Indhiya dikuwasani ing panggêdhe suwiji, jênênge Gouverneur-Generaal. Gouverneur-Generaal kang kawitan yaiku Pieter Both. G. G. mau didhawuhi nitipriksa kêlakuan, gaweyan lan uripe para punggawa. G. G. iku panyêkêle paprentahan nganggo dibiyantoni ing Raad, jênênge Raad van Indhie.[37]

Cacahe warganing Raad van Indhie sanga, kang lima tansah dadi kanthining G. G., kang papat aran lid mirunggan, padha dadi gouverneur ana ing papan liya, ênggone mèlu parêpatan mung yèn ana rêmbug sing pêrlu-pêrlu bangêt.

Pamutusing prakara kang pêrlu-pêrlu G. G. kudu njaluk rêmbuge Raad van Indhie; wondene G. G. dadi têtuwaning Raad iku. Yèn parêpatan ora bisa mutusi, putusane G. G. dhewe wus kanggêp apsah. Gouverneur-Generaal iku uga dadi senapatining prajurit dharatan lan lautan.

--- 51 ---

G. G. P. Both adêdalêm ana ing Ambon. Ana ing Moloko P. Both klakon bisa ngêdêgake panguwasa, gawe kapitunane wong Sêpanyol lan Portêgis.

Ing taun 1613 P. Both olèh idin saka Panêmbahan Mataram ngadêgake kantor ing Jêpara, kanggo jujugan yèn kulak bêras.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 5 dari 7
Jan Pieterszoon Coen

Saka adipati ing Jakarta olèh idin ngadêgake loji ana ing bawahe.

Ing taun 1614 P. Both bali mênyang tanah Walanda nanging ana ing pasisire pulo Mauritius praune kèrêm, P. Both uga katut tiwas.

--- 52 ---

G. Reynst jumênêng gumanti G. G. kapilih ing para Bewindhebber. Ing taun 1615 digêntèni L. Reaal.

Dhèk samono V.O.C. lagi karepotan, awit wong Inggris saya katon ênggone mungsuh V.O.C. Ana ing Bantên panguwasane wong Inggris tansah mundhak. Jan Pieterszoon Coen, liding Raad van Indhie bangêt sumêlange bokmanawa jajahan V.O.C. bakal dirêbut ing wong Inggris. Ing taun 1616 wong Inggris ngêjègi pulo Roen, jajahane V.O.C. ing Moloko. Ing nalika iku J. P. Coen katêtêpake nguwasani sakèhing prakarane V.O.C. ing tanah Jawa. Coen enggal tumandang mêrangi wong Inggris. Kang iku ndadèkake bangêt panase wong Inggris sarta Pangeran Ranamênggala ing Bantên. Barêng ing taun 1618 ana kabar yèn loji ing Jêpara dirusak dening kawulane Panêmbahan Mataram, lan têtela bangêt, wong Inggris, wong Bantên lan wong Mataram ayon nêdya numpês wong Walanda, J. P. Coen nuli ngalih saka Bantên mênyang Jakarta, loji ing kono didadèkake bètèng.

Ora lawas J. P. Coen ditêtêpake dadi Gouverneur-Generaal, 1619. Ing taun iku wong Inggris lan Walanda ênggone mêmungsuhan padha dene ngêdhènge. Kantore wong Inggris kang adhêp-adhêpan karo bètènge wong Walanna ing sapinggire kali Ciliwung iya nuli disêntosani. Kapale wong Walanda siji dibêskup Sir Thomas Dale, panggêdhening èskadêr Inggris. Coen sanalika njaluk baline, nanging wong Inggris malah mangsuli sugal. Bètèng Inggris enggal ditêmpuh, nganti kêna diobong, 1618. Ora antara lawas bètèng Walanda dikêpung ing mungsuh.[38]

V.O.C. karepotan bangêt, marga kêkurangan prau lan obat mimis. Wong Jakarta ora ana kang gêlêm dadi kuline; malah padha milu nêmpuh bètèng Walanda, èskadêr Inggris gêdhe ana ing sagara dipêthukake prau Walanda, pêrange dêdrêg, wasana kêsaput ing wêngi. Esuke J. P. Coen ora wani mêthukake prau Inggris; putusaning rêmbug arêp mênyang Moloko njaluk bantu lan njupuk obat mimis. J. P. Coen wêling wanti-wanti marang Van den Broecke. Yèn ana kapèpète kêpêksa mungkul, nungkula marang wong Inggris, aja nganti mungkul marang wong Jakarta utawa Bantên.

Kacarita wong Inggris wus prajanjian lan wong Bantên, nêdya nêmpuh bètèng ing Jakarta. Pangeran Jakarta, Wijaya Krama, gêla bangêt, dene ora dijak rêmbugan ing wong Bantên, nuli golèk akal bisane ngrêbut bètèng dhewe. P. van den Broecke disuruhi bojana minangka pratandhaning pamitran. P.v.d. Broecke kanthi punggawa pitu kalêbu ing gêlar, banjur cinêkêl lan kinunjara. Van Raay sing nggêntèni Van den Broecke dijaluki têbusan, ora mituruti. Wasana wong Inggris lan Van den Broecke dhewe awèh wêruh marang wong Walanda supaya masrahna bètèng. Van Raay kêndhak atine, nêdya nungkul, wêkasan ana jalaran kang murungake sêdyane Van Raay saandhahane. Wong Bantên ora lila, yèn bètèng Jakarta tumiba ing wong Inggris.

--- 53 ---

Pangeran Jakarta ditungkêb, jajahane kagamblokake marang Bantên. Rèhning wong Bantên crah karo wong Inggris, èskadêr Inggris mundur saka Jakarta. Bètèng Walanda dikêpung ing wong Bantên. Barêng wong Walanda rumangsa yèn bakal bisa uwal saka ing bêbaya, banjur tumandang nyêntosani bètèng manèh. Barêng wis rampung wong Walanda padha bungah-bungah nganakake bujana, bètèng Jakarta dijênêngi Batawi, 1619. Barêng lungane J. P. Coen wis olèh patang sasi banjur bali nggawa prau nêm bêlas. Prajurit kang ngêpung bètèng ditêmpuh bubar, kutha Jakarta digêmpur. Coen nuli mênyang Bantên, wong Bantên rumangsa ora kuwagang nglawan, P. van den Broecke sakancane diulungake. Sarèhne v.d. Broecke lan van Raay dianggêp kêluputan kurang tumêmên ênggone nglakoni wajib, mulane tampa paukuman abot saka J.P. Coen.

Tanah Jakarta banjur diaku ing V.O.C. J. P. Coen enggal mbangun kutha Batawi, diprênata lan dirêjakake. Ing sacêdhake pêlabuhan didokoki omah, jênênge "Kasteel" ing kono dununging paprentahane V.O.C. ing satanah Indhiya.

Ing sarampunge prang Jakarta, Coen nêdya malês marang wong Inggris. Nanging ing taun 1620 ana kabar saka Europa yèn para panggêdhene V.O.C. ing tanah Walanda rukun karo Compagnie Inggris. Kang iku ing tanah Indhiya uga Walanda karo Inggris iya kudu rujuk.

Wosing prajangjian mangkene: Siji-sijining Compagnie nganggo pawitan dhewe-dhewe sarta kêna sudagaran ing satanah Indhiya, nanging prajangjian monopolie kang mau-mau dilêstarèkake. Kulake kudu bêbarêngan, olèh-olèhane diparo, mung ing pulo-pulo Moloko wong Inggris olèh sapratêlone.[39]

Jajahan anyar kudu didum Compagnie sakarone.

Prakara pêrang dadi têtanggungane Raad van Defensie, kang dadi wargane wong Walanda lan Inggris gênti-gêntèn sabên sasi.

J. P. Coen bangêt ora sênênge dene ana pranatan kaya mangkono iku, awit wong Inggris ora wênang olèh jajahane V.O.C. Wong Inggris rumangsa disêngiti wong Walanda, mulane ing saolèh-olèh rekadaya bisane malês marang V.O.C. Walanda.

Nalika wong Bandha mogok, kang ngojok-ojoki wong Inggris. Sarèhne ana ing Raad van Defensie warga Inggris ora pati sarujuk ngukum marang kraman mau, J. P. Coen banjur pratela yèn wong Bandha arêp dipêrangi dhewe, nanging kasile pulo Bandha kang wênang ndarbèni iya mung wong Walanda.

J. P. Coen nuli mangkat mênyang Bandha, wong bumi diwasesa,

--- 54 ---

dipatèni utawa dibuwang mênyang tanah Jawa. Pulo-pulo Bandha didum marang para Walanda tilas punggawane Compagnie, nanging diwajibake nandur pala, lan pamêtune kudu didol marang V.O.C.

Tindak sawênang-wênang mêngkono iku dadi cacad gêdhe tumraping J.P. Coen.

Ing wiwitane taun 1623 J. P. Coen lèrèh marga saka panjaluke dhewe. Kang gumanti jumênêng G. G. saka panudinge Coen iya iku P. de Carpentier.[40]

Durung nganti sasasi ênggone dadi G. G., de Carpentier wis nêmu rêribêd, gèsrèk lan wong Inggris.

Ana ing Ambon wong Jêpang bêbauning wong Inggris kacêkêl ing wong Walanda. Barêng ditliti-tliti, wong Jêpang mau blaka yèn wong Inggris wis padha sumpah-sumpahan sapunggawane Jêpang nêdya numpês wong Walanda lan ngrêbut bètèng Victoria. Tinêmuning papriksan wong Inggris 9 wong Jêpang 9 lan wong Portêgis siji padha ngakoni, yèn pancèn duwe niyat kaya ature wong Jêpang mau. Nuli padha diukum kisas.

Bab iki njalari crahing V.O.C. lan Compagnie Inggris. Wong Inggris ing pulo Moloko padha lunga, ngêjègi pulo Lagundi ana ing supitan Sundha, nanging sarèhne akèh kang mati utawa lara, banjur padha ngumpul ing Bêtawi. Ora antara lawas wong Inggris ana ing Bêtawi ora bisa rukun karo wong Walanda, nuli padha lunga mênyang Bantên.[41]

Wiwit adêge kutha Bêtawi tansah dibêciki: Coen wis ngadêgake pêmulangan sarta murih ajuning dagangan, njupuki wong Cina saka Bantên; kêjaba iku Bêtawi uga dianani pangrèh kutha kang ngiras nyêkêl pangadilan. Carpêntier wiwit nganakake pajêg dhuwit kanggo mbêcikake tindaking piwulang sarta pangadilan lan manèh gawe yêyasan kanggo mitulungi marang bocah Walanda kang lola

.

Bab 8. Karajan Mataram Nalika Mumbul-Mumbule.

1586–1601 P. Senapati.
1601–1613 Mas Jolang, Pan. Seda Krapyak.
1609–14 G. G. Both.
1613–1645 Sultan Agung (R. Rangsang, Cakrakusuma).
1619–23 G. G. J. P. Coen.
1623–27 G. G. De Carpentier.
1627–29 G. G. J. P. Coen.
1636–45 G. G. Van Diemen.

Sadurunge Panêmbahan Senapati seda wis tinggal wêling, yèn kang putra panênggak, Mas Jolang kang kalilan nampani warisan karaton Mataram, dene putrane pêmbayun, Pangeran

--- 55 ---

Pugêr nrimaa jumênêng adipati ing Dêmak. P. Pugêr besuke ngraman, nanging asor jurite.

Kêjaba pêrang lan kang raka, M. Jolang uga pêrang karo para adipati ing Bang Wetan. Ing taun 1613 Sang Panêmbahan seda. Sarèhne sedane mêntas lêlangên mênyang Krapyak, nuli katêlah Panêmbahan Seda Krapyak, nganti tumêkane sêprene.

Sasedane P. Seda Krapyak kang gumanti jumênêng nata Radèn Mas Rangsang, ajêjuluk Prabu Pandhita Cakrakusuma. Nalika jumênênge K. Sultan lagi yuswa 22 taun; ewasêmono wis kinurmatan ing para kawula. Pangastane paprentahan piyambak bae, mung kala-kala mundhut rêmbuge wong kang pinitaya, lan putusaning rêmbug banjur didhawuhake marang para panggêdhening nagara.

Sang prabu bagus, sêmbada dêdêg-piadêge, tingale wiyar "mèmpêr mripating singa", pangagêmane pêsaja, nyampinge bathik wêrnane putih lan biru (ayake parang rusak), mêkuthane putih (matak?). Yèn sinewaka, lênggahe ana ing dhampar cêndhana, kaapit-apit ing pot-pot kêkêmbangan. Dhampar mau dununge ana ing bangsal kang ajrambah jobin, dawa ambaning jrambah kira-kira 3 mètêr. Para kang seba nyadhong dhawuh, ngubêngi bangsal mau, kèhe kira-kira 300 utawa 400, kabèh padha sila makidhupuh tanpa nganggo lèmèk, lan ora ana siji kang udut utawa nginang. Sinewaka kaya mangkono mau ing dalêm saminggu kaping pindho utawa luwih. Para abdi dalêm kang ora ngadhêp nalika pinuju sinewaka, utawa kang duwe laku ora patut, padha kagantungan paukuman abot. Dadi uripe para priyagung ing Karta iku ora mêrdika kaya adipati ing sajabaning Karta. Para adipati mau akèh kang sawênang, anggugu ing sakarêpe dhewe, wong cilik kang rêkasa, padha dipêksa ngêtokake pajêg akèh.

Kêrsane Sultan Agung tanah Jawa iki kabèh karèha marang Mataram, sênajan bakal pêrang kang nganti suwe utawa ngêtokake wragad akèh iya bakal ditêmah, mung anggêr bisa kêlakon.

Mungguh mungsuhe ana têlu yaiku: para ratu ing Bang Wetan lan Madura, ratu ing Bantên sarta Kumpêni. Dene Cirêbon wis nungkul marang Mataram, wiwit taun 1619.

Nalika taun 1615 Kangjêng Sultan nêlukake Lumajang, Malang lan panggonan sawatara manèh. Sawise iku Surabaya, Pasuruan, Tuban, Wirasaba (Majaagung), Japan (Majakêrta), Lasêm, Brondong, Arisbaya lan Sumênêp, banjur prajanjian ngumpul dadi siji, prêlu bêbarêngan nêmpuh Mataram. Nanging pêrange kasoran. Ing taun 1616 sakalahe Wirasaba lan Lasêm, wadyabalane para adipati ing Bang Wetan kalah manèh tandhing lan Mataram. Ing taun 1617 Sultan Agung mbêdhah

--- 56 ---

Pasuruan, ing taun 1618 Pajang, lan ing taun 1619 Tuban. Pangêpunge kutha Surabaya ing taun 1622 ora olèh gawe, nanging barêng ing taun 1623 Madura kêna dikalahake, Sultan Agung ngayati mbêdhah Surabaya manèh. Nalika iku Sultan Agung manggih akal; ora adoh saka cawangane kali Brantas, kali Surabaya dibêndung. Banyu sêthithik kang isih mili mênyang Surabaya dibuwangi bathang lan bosokaning têtuwuhan, amrih wong Surabaya padha kêtaman ing lêlara. Jalaran saka reka iku wong Surabaya kêpêksa nungkul. Awit alane banyu mau, miturut crita, wonge Surabaya maune 50 à 60.000 iku mung kari 1.000.[42]

Wasana tanah Jawa Wetan lan tanah Jawa Têngah dadi kaêrèh ing Mataram. Ing taun 1625 Kangjêng Sultan banjur ajêjuluk Susuhunan.

Têpunge V.O.C. karo Mataram iku molah-malih. Ing wiwitane padha bêcik. Sultan Agung nêrusake prajanjiane kang rama, yaiku: V.O.C. kêna ngêdêgake loji ana ing Jêpara. Nalika iku Sultan Agung ngandika karo utusaning Compagnie: "Aku sumurup, yèn tumêkamu ing kene ora nêdya nêlukake tanah Jawa". Ênggone Walanda manggon ing Jêpara iku mung supaya bisa ngirimake bêras. Nanging ing prakara iku wong Walanda tansah digawe pakewuh dening Baurêksa, bupati ing Kêndhal. Malah Baurêksa lan bupati liyane padha ngrekadaya, amrih wong Walanda aja nganti mênyang Karta sapatêmon karo sang prabu. Awit saka iku V.O.C. lan para bupati padha congkrah. Ing sawijining dina Baurêksa ngukup wong Walanda, ana sawatara kang dipatèni lan ana pitulas kang dikunjara. Nalika iku Coen dhawuh ngobong Jêpara, iya klakon kobong saperangan (1618). Ing wêktu sêmono S. Agung lagi pêrang ana ing Bang Wetan lan ora mênggalih apa kang klakon ing Jêpara.[43]

Barêng Coen ing taun 1619 yasa kutha Bêtawi, lan Jakarta wis katêkêm ing tangane bangsa Walanda, Sultan Agung duka bangêt marang V.O.C. Ora antara lawas dhawuh nglarangi adol bêras marang Compagnie, amarga Coen wani-wani awèh mriyêm marang wong Surabaya. Sanajan mêngkonoa mêksa ora dadi pêrang, awit sapisan S. Agung nêdya golèk reka bisane wong Walanda ngakoni yèn kêbawah Mataram, nganggo sarana kang alus, lan ping pindhone samangsa dadi pêrang wong Walanda kuwatir yèn banjur ora bisa olèh bêras babarpisan. Nalika S. Agung ngajak Walanda bêbarêngan mbêdhah Bantên, wong Walanda ora gêlêm, awit V.O.C. ora pracaya marang wong Mataram, marga Walanda wis ngrêbut layang, kang surasane: "S. Agung bakal mbêdhah Bantên, sawuse iku banjur ngalahake Bêtawi."

Bantên lan Mataram iku tansah mêmungsuhan, nanging S. Agung ora bisa ngalahake, jalaran nalika iku praune wong

--- 57 ---

Jawa wis ora sapiraa kèhe lan mlaku dharat dalane angèl bangêt. Ing tanah Jawa Kulon kang têluk marang Mataram mung ing Sumêdhang (Priyangan) lan Cirêbon.[44]

Nalika J. P. Coen jumênêng G. G. kang kapindhone ing taun 1628, ana utusan saka Mataram mênyang Compagnie duwe pênjaluk mangkene: sapisan panêmbahan ênggone arêp nêmpuh Bantên mundhut tulung marang Compagnie, kapindhone J. P. Coen didhawuhi utusan mênyang Mataram ngaturake bulu bêkti. Pênjaluk iku mau loro-lorone ora dituruti.[45]

Ing sasi Augustus wayah bêngi kasteel ing Bêtawi ditêmpuh ing bala Mataram saka pêlabuhan. Ing dharatan ana baris gêdhe kang ngêpung kutha Bêtawi. Mangka cacahing prajurit Compagnie mung 3.800. Nuli J. P. Coen tekad-tekadan nêmpuh, prajurit Jawa bubar, malah banjur kêpêksa mundur, awit wis ngancik mangsa udan tur nganggo kêkurangan pangan.

Ing sasi April taun 1629 ana utusan saka Mataram aran Warga katêmu G. G. J.P. Coen, jarene pêrlu rêmbugan arêp bêdhami. J. P. Coen wis priksa yèn Warga iku satêmêne têlik, banjur têrus dicêkêl. Barêng ditakoni, prasaja yèn wong Mataram wis nglakokake wadyabala manèh lan murih aja nganti kêkurangan pangan kaya kang uwis, ing Têgal wis disêdhiyani tandhon bêras. J. P. Coen têrus dhawuh ngobongi tandhon bêras mau. Wusana barêng prajurit Mataram têka ing wêwêngkon Bêtawi enggal bae ênggone kêntèkan pangan. Wadyabala Mataram wiwit gawe larèn nganti têkan sacêdhake kutha. J. P. Coen nuli dhawuh ngrusak larèn mau. (Larèn = ing basa Walanda: loopgraven).[46]

Sarèhne bala Mataram uga kêtrajang lêlara, wusana kêpêksa mundur.

Wiwit ing wêktu iku karajan Mataram wis ora wani nêmpuh marang kutha Bêtawi. Ewadene Sultan Agung sabisa-bisa tansah ngarah gawe kapitunane Compagnie, kaya ta wong Mataram dilarangi dagang bêras mênyang Bêtawi, mangka Compagnie butuh bangêt. Utusan saka Bêtawi mênyang Karta padha dicêkêl, sarta dirêngkuh abdi têlukan, malah sawênèh ana kang dipatèni. Barêng sabêdhahe kutha Malaka 1641, wong Jawa ora kêna dagang bêras ana ing kono, dipêksa dagang mênyang pêlabuhan Bêtawi. Sênajan S. Agung durung karsa rukun, ewadene kawula Mataram diidini lêlawanan dêdagangan manèh lan Compagnie ing Betawi. Wasana ing taun 1646 Sultan Agung seda; wiwit ing wêktu iku Mataram banjur rukun bae lan Compagnie.

--- 58 ---

Karsane S. Agung arêp ngêrèhake tanah Jawa kabèh iku wis akèh kalakone, nanging pêrang mau ndadèkake karusakane tanah Jawa. Nalika utusane V.O.C. ing taun 1613 mênyang Karta, para utusan padha eram ndêlêng kèhing wong ing kutha-kutha, kèhing bêras pari apadene kèhing wit-witan tuwin têtanduran kang mêtu kasile, nanging barêng antara limalas taun manèh, akèh tanah-tanah kang ora kadunungan wong, panggonan-panggonan kang katrajang ing prang padha nandhang pacêklik lan kaambah ing pagêblug. Mulane mêngkono, marga S. Agung nggone arêp nggayuh karsane nganggo sarana kang nggêgirisi, kaya ta: kabèh kawula kudu mèlu pêrang, durung nganti pêrang wong-wong mau wis akèh kang tiwas ana ing dalan. Gampang yèn mung arêp bisa ngira-ira kèhing prajurit kang dilurugake, yèn ngelingi pangêpunge kutha Batawi kang ping pindhone. Nalika iku ana prajurit 80.000 lan sing bali mênyang Mataram ora ana sêprapate. Nalika nglurugi Madura, kèhing prajurit nganti 160.000.[47]

Yèn tanah kang dilurugi wis kalah, wong-wonge kêrêp pinêksa lunga saka kono. Nalika bêdhahe Madura, kutha-kutha lan desa-desa ing kono mèh kabèh dirusak, para ratune dipatèni, wonge cilik 40.000 kang dipêksa ngalih mênyang Grêsik lan Jaratan, jalaran kutha loro iku, marga saka pêrang kang uwis-uwis, kêna diarani suwung.

Adipati ing Sumêdhang kapêksa urun bala akèh bangêt, nganti ing nêgarane dhewe (Priyangan) mèh kêntèkan wong. Sakalahe Wirabasa bupatine kablêbêgake ing banyu nganti tumêka ing pati, lan wonge cilik diboyongi mênyang Banyumas. S. Agung iku ora ngajèni nyawaning wong. Nalika campuhe wadyabala Mataram ana ing Surabaya iku wong Mataram kang mati 40.000 lan Kangjêng Sultan iya ayêm bae, pangandikane: tanah Mataram isih sugih wong.

Jalaran kang mêngkono mau wong cilik padha ora bisa nggarap sawah, rêgane bêras saya larang lan wonge saya ora kêcukupan, wuwuh-wuwuh kaambah ing pagêring, mulane ing taun 1618 lan 1626 akèh padesan ing tanah Jawa kang wonge mung kari ?e, kang 2/3e padha mati.

Wragad-wragad pêrang iku ora sêthithik, lan sing kudu nganakake iya wong cilik.

S. Agung ora kagungan wêlas marang mungsuh, malah senapati lan prajurite dhewe sok kapatrapan paukuman kang abot bangêt yaiku yèn pêrange kalah. Miturut crita, saundure wadyabala saka Bêtawi, S. Agung dhawuh matèni wong 4.000; wong samono mau kalêbu para garwane Baurêksa, kang tiwas ana ing paprangan.

Nalika pêrang Mataram J. P. Coen wis kraos gêrah, nanging mêksa nyenapati ing pêrang, dadi kêsêngka bangêt. Wasana ing tanggal 20 Sèptèmbêr 1629 gêrahe bangêt tur dadakan, nganti dadi lan tiwase.[48]

Nganti tumêkaning wêktu iku V.O.C. mung murih ajuning dêdagangane. Sarèhne kang dikukuhi bangêt pranatan monopolie, mulane kudu bisa mbalèkake panêmpuhe wong Europa liyane. Bisane kêlakon, mung yèn prajurite dharatan lan lautan sêntosa, pêrlu kanggo ngukuhi kantor-kantor ing Bêtawi, lan uga kanggo nanggulang krodhaning Mataram.

Coen iku kêna diarani wong pinunjul, katandha nalikane adêge Bêtawi bisa ngundurake ardaning mungsuh nganti kaping pindho (Inggris lan Mataram) sênajan tansah karoban lawan. Tindake ana ing Moloko pancèn siya, ewadene mêksa klêbu wong ambêk sudira ing pakewuh lan ora wêgahan. Ênggone nglabuhi tanah wutah rahe tanpa pamrih nganti têkan ing pati.

Sasedane G. G. Coen kang gumanti J. Specx 1629–1632, tumuli H. Brouwer 1632–1636.

--- 59 ---

Wiwit adêge A. van Diemen dadi G. G. 1636, Compagnie ngancik ndêdêl-dêdêle, awit van Diemen pancèn Gouverneur-Generaal kang cakêp ing bab sakabèhe.[49]

Dhèk samana V.O.C. pêrang manèh lan mungsuhe lawas yaiku bangsa Portêgis. Ing taun 1638 jajahane wong Portêgis ing Ceylon karêbut ing senapatining V.O.C. banjur Compagnie diidini ngêdêgake bètèng lan nindakake monopolie dagangan manis jangan.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 6 dari 7
Gouverneur-Generaal van Diemen

Ora antara suwe bètèng Malaka, kang kalêbu sêntosa bangêt, kinêpung wakul lan dipêrangi bala V.O.C. Nganti suwe wong Portêgis panggah. Ing taun 1641 Senapati Walanda Caerteku dhawuh ngrangsang bètèng, wasana bêdhah. Ing ngatase wong Portêgis ilange kutha Malaka iku karugian gêdhe bangêt. Sarèhne banjur uga kelangan jajahan ing pasisire tlatah Coromandel lan Malabar, wong Portêgal prasasat tanpa panguwasa ana ing tanah Asia. Nalika bêdhami ing taun 1641 wong Portêgis dipêksa nuruti bae.

Mungguh ingatase Compagnie, bisa olèh kutha Malaka kauntungan gêdhe, awit ndadèkake mirise para ratu bangsa bumi kabèh. Padagangane Malaka ngalih mênyang Bêtawi.

Nalika jamane G. G. van Diemen kutha ing Bêtawi digêdhèkake

--- 60 ---

lan dibêcikake. Jiwane 9.000, wong Walanda 3.000 luwih. Ing sajabane kutha wiwit akèh pasanggrahane para gêdhe. Ing sajroning kutha wong laku dagang maju bangêt.

Kacarita karajan Mataram ing wêktu iku banjur rukun bae lan Compagnie. Ing taun 1646 V.O.C. prajanjian karo Mataram (nalika jumênênge Mangkurat I). Ing sabên taun Compagnie kudu nglakokake utusan mênyang Mataram. Wong Jawa kêna dêdagangan ing sadhengah panggonan kêjaba ing Moloko. V.O.C. ora kêna ngrewangi mungsuhe Mataram, mêngkono uga Mataram iya ora kêna ngrewangi mungsuhe V.O.C.

Ing sabakdane 1629 kêrêp bae Bantên mêmungsuhan lan Bêtawi, marga wong Bantên ambubrah monopoliening V.O.C. karo wong Moloko. Pêlabuhan Bantên kêrêp bangêt dibarisi ing prau pêrang Walanda, dadi kutha Bantên padagangane mati. Ing taun 1645 Bantên gawe prajanjian lan V.O.C.[50]

Dadi têtela yèn panguwasane Compagnie tansah mundhak gêdhe.

G. G. van Diemen arêp nggêdhèkake padagangan ing tanah Cina lan Jêpang.

Ing taun 1642 ana wong Walanda, aran Abel Tasman njajah ngetan nêmu pulo-pulo ing wêwêngkone Australia banjur dijênêngake Nieuw-Zeeland lan Van-Diemensland (saiki aran Tasmania). Tanah Australia disêbut Nieuw-Holland.

Nalika jaman Sultan Agung ana owah-owahan bab umuring taun. Kang diênggo tumêkane jaman iku diarani taun Çaka, umure kaya dene taun Walanda (±365 dina) wiwitaning taun nalika taun Walanda wis têkan angka 78.[51]

Wiwit ing taun Çaka 1555 (= 8 Juli 1633) umure disalini manut lakuning rêmbulan (1 t = 355 d) dicocogake karo taun Arab kang dhèk sêmana wis têkan angka 1043. Tumêkaning saki kabèh iku isih dipacak ana ing almênak, kaya ta: 1 Januari 1925 = 5 Jumadilakir Dal Windu Sêngara 1855 (Jawa) = 5 Jumadilakir 1343 (Arab).

Bab 9. Nêgara-nêgara ing Tanah Sumatra.

Ing Sumatra pojok lor nalika taun 500 wis ana nêgarane, sinêbut ing bangsa Cina nêgara Poli, cacahing desane ana 136, dawaning tanah saka wetan mêngulon lakon 50 dina, alange mêngidul lakon 20 dina. Panènane pari sêtaun rambah ping pindho. Wong-wong mênganggo bangsa sêmbêt tênunan dhewe, ratune mêngagêm sarwa sutra lan ngagêm mêkutha kêncana (dhuwur), nitih rata apangirit dipangga. Sang nata ngrungkêbi agama Budha. Ing taun 518 nglampahake utusan marang nagara Cina.[52]

Bangsa Arab iya wis ngambah tanah ing kono. Kasbut ing cathêtan-cathêtane ing taun 846 lan 950 tanah iku dijênêngake Rami utawa Lamêri.

--- 61 ---

Ing taun 1292 para sudagar Islam wus têkan ing Lamêri lan anggiyarake agama. Mêngkono uga krajan cilik-cilik ing Samodra[53] lan Pasèi iya wêtara wêktu iku ênggone kêtêkan agama Islam. Ing sauruting pêsisir wis ana titike yèn wong-wonge wis padha anduwèni kasusilan, nanging ing jêro-jêro rada mêngidul, mirit cathêtaning wong-wong manca kang ngambah kono ing jaman sêmono, isih ana wong kang doyan iwak uwong, lan padha isih anggambari peranganing awake srana lêlandhêp l.s. (tatoueeren).

Ing taun ±1350 nêgara-nêgara iku kabèh padha nungkul marang Majapait. Nganti ing satêkane wong Portêgis ing taun 1509 lan ngêjègi Malaka ing taun 1511, nêgara-nêgara mau kang kagolong gêdhe dhewe: Samodra.

Sultan sapisanan ing praja Acih-agung dhèk akiring abad 15 ajêjuluk Raja Inayat Syah. Wiwit ing wêktu iku lan ing sapêngkêre Sang Raja Inayat Acih-agung mau pijêr pêpêrangan bae. Kuwasa-kuwasaning Acih nalika jamane Sultan Iskandhar Mudha (1590–1636). Dhèli kêna ditêlukake, Johor rinusak, wong Portêgis diajar, Kêdah lan Pêra (ing Malaka) padha wus nungkul. Prêjurite Sultan Iskandhar Mudha pêngêsuke mêngidul nganti têkan Indragiri. Mung dhèk taun 1629 wong Acih 20.000 kêpêksa mundur, ora olèh gawe ênggone ngêpung kutha Malaka. Wragade nglurug bola-bali iku mêsthi bae akèh bangêt, dijupukake saka dhuwit pêpayoning mrica kang diêdol marang bangsa Europa. Dene kang nguwasani pêdagangan mrica iku Sri Sultan piyambak (monopolie). Wong Inggris lan Walanda nganti suwe ora bisa kulak dhewe marang wong cilik. Ing kêdhatone sang nata sarwa jibar-jibur luwih ing samêsthine, dene jiwaning wong jalaran saka pêrangan-pêrangan mau akèh bangêt kalonge.[54]

Para raja ing Acih iya ngagêm jêjuluk akèh kaya salumrahing ratu ing ngêndi-êndi. Sultan Iskandhar Mudha iku asmane liya: Maharaja Darmawangsa, Tun Pankat. Nalika timure sinêbut Pêrkosa'alam. Barêng wis seda kaprahing akèh sinêbut Makota Alam.

Johor lan Acih iku tansah mêmungsuhan. Ing sabisa-bisa Johor dhêmên bangêt awèh pitulungan marang mungsuhing Acih. Nalika Walanda ambêdhah ing taun 1641 iya dibantu ing

--- 62 ---

wong Johor, bangêt gawe gêlaning wong Acih, nanging ora bisa malês apa-apa, awit pancèn wis nglèmprèh, cilik kêkuwatane. Malah ênggone dagangan (monopolie) timah karo Malaka lan mas karo Sumatra pêsisir kulon, kêpêksa lèrèn, awit diêndhih ing bangsa Walanda. Jajahane ing Dhèli wis bisa uwal nalika taun 1669. Mung kari ana ing Asahan Sultan Acih isih duwe pangawasa. Malah sultan-sultan ing Asahan ing jaman saiki iki iya padha têdhak Sultan Acih.[55]

Cara jumênênging sultan ing Acih iku marga saka pilihaning para priyagung. Kang mêngkono iku kêrêp anjalari pasulayan lan tindak roda paripaksa.

Kang jumênêng sultan ora mêsthi bangsa ing Acih kono, wis tau tumiba ing bangsa Arab, bangsa Bugis, lan bangsa Pênang. Miturut carita jarene nalika kang jumênêng raja sultan putri jêjuluk Nur al'alam Nakiat ad-din Syah, praja Acih pinerang dadi têlung sagi, yaiku mukim 22, 25 lan 26. Sagi têtêlu iku kang banjur kuwajiban milih sapa kang digêntèkake jumênêng raja.

Praja Siak iku ing maune jênêng Gasip. Dhèk jaman mêkar-mêkare Acih, Siak dibubrah wani bae. Ing awaling abad 17 Siak dadi andhahaning nêgara Minangkabau, banjur diganjarake dadi bumi gadhuhaning Johor. Dene Johor pamarentahe ana ing Siak sarana wakil punggawa pinangkat Syahbandar utawa stedehouder (wakil). Ing taun 1717 Stedehouder Raja Kêcil bisa ngambrukake Sultan Johor, lan banjur dadi raja ing Johor lan Siak, nanging ing taun 1721 ora kanggo ana ing Johor; mung kari lêstari dadi ing Siak, madêg pribadi ora kêbawah marang sapa-sapa. Kang mêngkono iku ora bisa suwe: luwih-luwih dhèk ing taun 1761 V.O.C. wis gêdhe kuwasane tumrape marang kasultanan Siak. Ewadene nalika taun 1780 Siak malah bisa ambawahake Dhèli. Dene adat tata-carane wong-wong lan basane pisan akèh cêngkoke cara Mênangkabau.[56]

Mungguh asal-asale karajan Mênangkabau iku ora kawruhan cêtha. Adityawarman, raja ing tanah Mêlayu (saiki ing wêwêngkon Jambi), kacaritakake ngêlih kuthane mênyang tanah Padhang-hulu ana ing sacêdhaking Pagar-rayung (Fort van der Capellen). Ing abad XVI raja-raja ing Indrapura, Indragiri lan Jambi kacarita yèn padha madêg dhewe-dhewe, ora ana kang ambawahake. Raja Mênangkabau krama lan putrine sultan ing Acih, banjur pasulayan karo kêng marasêpuh, lan kêpêksa nyaosake tanah-tanah kang maune bawah Acih têkan ing Manjulo. Wiwit nalika iku karajan Mênangkabau mung kari sawêwêngkon Padhang-hulu ing jaman saiki. Dhèk jaman pêpêrangan

--- 63 ---

Padri para darahing raja padha pinatenan, mung kliwatan siji thil. Dene siji iku turune kang pungkasan wus seda dhèk ing taun 1912, dadi wis curês babarpisan.[57]

Sabubare karaton Çrivijaya, lan saungkure pangwasa Majapait, tanah Palembang wus arang kêcrita. Ênggone dadi Islam kira-kira ana ing sajroning abad XV. Nadyan dianggêp kêbawah ing Bantên, nanging sang raja ing Palembang isih sagêd ngukuhi ing kamardikane; ngarêpake taun 1596 malah Sri Sultan ing Bantên seda ing paprangan ana ing Palembang. Karajan loro iku lêstari mêmungsuhan, padha dene ngarah undhaking jajahan ana ing tanah Lampung.[58]

Raja ing Palembang maune asêsêbutan pangeran. Wiwit Sang Raja Cindhèi Balang ngagêm sêsêbutan sultan, malah para kawula padha anyêbut susuhunan. Bangsa Walanda ing taun 1641 gawe prêjanjian bab pêdagangan karo praja Palembang, lan ing taun 1710 kêrêp pasulayan prêkara rêbutan ênggon timah ing Bangka.

Bab 10. Kraman ing Moloko 1650–1653. Mataram Nalika Jamane Amangkurat I lan Amangkurat II. Kraman Trunajaya. Pêrang ing Bantên.

1645–1677 Mangkurat I.
1650–1653 G. G. Reiners.
1677–1703 Mangkurat II.
1653–1678 G. G. Maetsuycker.
1678–1681 G. G. Rijkloff van Goens.
1681–1684 G. G. Speelman.

Dhèk jamane G. G. van Diemen V.O.C. ana ing pulo-pulo Moloko nêmu rêribêd. Marga saka anane monopolie, tanah Moloko suda bangêt karaharjane, wong bumi padha ngrêkasa uripe. Wong cilik gêlêm nêtêpi prajangjiane monopolie, padha laku dagang colongan. Punggawane V.O.C. nyirêp kraman kanthi tindak kêras. Nuli wong Moloko dibiyantu ing Sultan Têrnate, mulane saya ndadra. Wasana G. G. van Diemen tumindak piyambak. Tindake kêras nanging ndalan, têmahan kraman bisa kêndhak.

Ing nalika jamane G. G. Reiniers (1650–1653) ing Têrnate lan Ambon ana kraman manèh kang marga saka pangojok-ojoke wong Makasar. Wong bumi padha nggrundêl ora trima, awit A. de Vlaming, Gouverneur ing kapuloan Moloko dhawuh

--- 64 ---

mbabadi tanduran bumbon crakèn kang dianggêp turah, kang mêngkono iku supaya ora ngêdhunake rêgane dagangan. Yèn wong bumi ora nuruti, prajurit V.O.C. banjur nêkani, ngrampungi pasulayan kanthi wasesa (hongi).[59]

Ênggone nyirêp kraman A. de Vlaming kanthi kêkêrasan, akèh wong kang dipatèni utawa dibuwang. Wasana pulo-pulo akèh kang suwung.

Wiwit ing wêktu iku kang dikênakake nandur cêngkèh mung wong ing Ambon lan pulo-pulo cilik sisih wetan, kang kêna nandur pala mung wong ing Bandha. Amarga saka anane planggêran mau wong bumi akèh kang padha kêmlaratan. Wasana ora ana sranane kanggo mbangkang manèh.

Babad Tanah Jawi, Rijckevorsel, 1929, #463 (Hlm. 036–068): Citra 7 dari 7
Aru Palaka

Barêng Moloko wis têntrêm, nalika kang jumênêng Gouverneur-Generaal Maetsuycker, V.O.C. mêrangi Makasar. Hasan Udin, ratu ing Makasar tansah nulungi wong bumi ing Moloko. Manèhe V.O.C. ora olèh idin ngadêgake loji ana ing karajan Makasar. Ênggone mêmungsuhan V.O.C. lan Hasan Udin nganti ambal kaping têlu. Wêkasane ing taun 1667 Cornelis Speelman didhawuhi nandangi Hasan Udin. Aru Palaka ratu ing Palaka mbantu Compagnie, jalaran karajane dirêbut kagamblokake marang Makasar, rama lan eyange Aru Palaka kapatenan ing Ratu Makasar.[60]

Putusaning pêrang Hasan Udin kapêksa nganggêp prajangjiane [prajang...]

--- 65 ---

[...jiane] V.O.C. 1667. Miturut jênênge papan prajangjian mau diarani prajangjian ing Bonggaya.

Bêdhahe Makasar iku ingatase V.O.C. akèh bangêt pakolèhe, awit iku dadi dhêdhasaring panguwasa ana ing Cêlêbês sarta pamêngkune marang sakabèhing pulo-pulo ing Moloko.

Minangka ganjaran Aru Palaka didadèkake ratu ing Bone.

Surasane prajangjian ing Bonggaya prakara warna-warna, kaya ta: Makasar lan Goa ngakoni pangayomane V.O.C. apadene Florès lan Sumbawa mari dadi jajahane Makasar. Bangsa manca kang kêna dêdagangan ing Makasar mung V.O.C. dhewe. Wong Makasar kudu nglèrèni ênggone lêlawanan dagang lan Moloko, l.s.p.

Sasedane Sultan Agung ing Mataram tansah ana kraman utawa pêrang, ndadèkake gêmpaling karaharjaning praja. [61]

Kang gêdhe dhewe iya iku kramane Trunajaya. Sêbabe mangkene:

1. Pangeran Arya Prabu Adi Mataram, kang nggêntèni S. Agung, jêjuluk Sunan Mangkurat I, kapintêran lan kêkêncênganing karsa ora mantra-mantra timbang lan kang rama. Sarèhne wegah mêmungsuhan lan Compagnie, ing taun 1646 (Dêlokên k. 57) lan 1652 prajangjian pamitran lan V.O.C. Surasane prajangjian 1652 ana kang nyêbutake bab tapêl watêse jajahaning Compagnie sisih wetan, iya iku kali Ci Tarum. Ing tanah Mataram akèh para gêdhe kang nggrundêl ora narima marang tindake Mangkurat mau.

2. Sunan Mangkurat ala bangêt pangrèhe praja, jalaran kêtungkul mbujêng marang kamuktèn nganti nukulake panggalih siya.

Para kawula gêdhe cilik ora ana kang jênjêm uripe, jalaran saka siyane sang prabu. Nalika jumênênge anyar-anyaran nênumpêsi mitrane kang rama akèh. Saking kalulute marang pakarêman kang nistha nganti wêntala mutahake gêtihe wong kang tanpa dosa. Kayadene nalika garwane kêkasih seda, nuli dhawuh nyêkêli wong wadon 100 dikurung ing pasarean (kuburan) nganti mati kalirên.

3. Ing Madura ana sawijining satriya kang duwe tekad arêp ngraman, manggêdhèni para gêdhe ing Mataram lan Madura, mêrangi Mangkurat. Satriya mau wayahe Cakraningrat I ing Sampang saka ampeyan, jênênge Trunajaya. Sênajan Trunajaya ora nduwèni waris kadipatèn, ewadene ngarah jumênêng adipati ing Madura. Nalika kang paman jumênêng adipati, jêjuluk Cakraningrat II, gampang bae Trunajaya ênggone ngêlun wong Madura, awit sang adipati tansah ana ing Mataram.

--- 66 ---

Ing taun 1674 kraman wis ngrêbda bangêt. Trunajaya dibantu ing wong Makasar kang padha lunga saka tanahe dhewe ngalambrang, gawene mbêbajak. Tanah Jawa Wetan kêna ditêlukake.

Barêng kraman saya mêngulon, Mangkurat I saya kuwatir, nuli mundhut pitulunganing Compagnie. Prentah ing Bêtawi maune mangu-mangu, awit pancèn lagi ribêd, jalaran ing nêgara Walanda kana ing taun 1672 kinêpung mungsuh gêdhe. Nanging barêng saya krasa kapitunan ênggone dêdagangan marga saka panggawening kraman, ing wasanane gêlêm têtulung. Ing sêkawit prajurit Walanda kêrêp bisa mbalèkake kraman saka sawênèhing panggonan, nanging saya suwe saya cabar, kraman saya maju, tanah pasisir lor lan tanah Jawa Têngah pasisir wetan wis katêkêm ing kraman, Trunajaya banjur akêdhaton ing Kêdhiri. Prentah ing Bêtawi wiwit anggraita yèn pananggulanging kraman Trunajaya kudu ditêmêni.[62] Ing 1677 ana wadyabala Compagnie mênyang Japara, disenapatèni Cornelis Speelman. Dhisike Trunajaya arêp dirukun, nanging ora gêlêm. C. Speelman nuli prajangjian lan Sunan Mangkurat I, surasaning prajangjian: Compagnie bakal mitulungi Mangkurat, nanging njaluk liru ragading pêrang, undhaking jajahan, lan wêwênang ing prakara dêdagangan.[63]

C. Speelman banjur mêrangi kraman, nanging mung bisa ngêjègi Surabaya, dene jajahane Trunajaya saya mundhak, malah wis bisa nggêpuk Karta, kutha karajaning Mataram. Upacaraning kraton diboyongi mênyang Kêdhiri. Sunan Mangkurat kèngsêr, tindak mêngulon didhèrèkake ing Sang Pangeran Adipati Anom. Mungguh karsane Kangjêng Sunan mau nêdya kêtêmu panggêdhening Compagnie ing Jêpara, nanging ana ing dalan seda (1677) kasarèkake ing Têgal-arum. Nganti saprene Mangkurat I isih katêlah Sunan Mangkurat Têgal-arum.[64]

Sasedane Sunan Mangkurat I Sang Pangeran Adipati Anom gumanti jumênêng nata, jêjuluk Sunan Mangkurat II, nanging sasat ora jumênêng ratu, awit kang nganggêp mung para kawula kang ndhèrèkake, malah kang rayi Sang Pangeran Pugêr, kang ana ing Mataram iya ngaku jumênêng sunan. Sunan Mangkurat II banjur tindak mênyang Jêpara, mundhut tulung marang Compagnie, ngestokake dhawuhe kang rama. C. Speelman saguh mitulungi, nanging nganggo prajangji.

Wosing prajangjian Jêpara:

V.O.C. nganggêp ratu marang Mangkurat II.

--- 67 ---

V.O.C. kêna dêdagangan ing satanah Mataram, kêna nglêbokake dêdagangan ora wênang dijaluki beya.

Jajahane V.O.C. mangidul têkan ing sêgara, mêngetan têkan Ci Manuk, apadene kutha Sêmarang sawêwêngkone.

G. G. Maetsuycker lan kèh-kèhing para liding Raad van Indie ora rujuk karo karêping para Bewindhebber, pangrèhing V.O.C. ana ing tanah Walanda; aliya saka iku Trunajaya wis kêgêdhèn panguwasane, mangka Sunan Mangkurat II wus prasasat tanpa daya, wuwuh-wuwuh prentah ing Bêtawi lagi karepotan ora bisa olèh pitulungan saka nagara Walanda, tur nêmu pakewuh karo Bantên.[65]

Ing taun 1678 G. G. Maetsuycker seda digêntèni Rijkloff van Goens. Priyagung iku nêmêni ênggone nandangi Bantên. Rijkloff lan Speelman padha sabiyantu ngrampungi kraman Trunajaya, lan aja nganti kêdhisikan ditêmpuh wong Bantên. Rijkloff van Goens banjur ngutus wadyabala gêdhe mênyang tanah Jawa Têngah nglurugi Trunajaya. Trunajaya iya mêtokake, nanging suwe-suwe kêplayu marang Kêdhiri. Kêdhiri kêna dibêdhah klawan rêkasa, nanging Trunajaya oncat ngungsi marang pagunungan salore gunung Kêlut. Kapitan Ambon aran Jonker kautus ing K. Susuhunan ngêtut playune Trunajaya. Dalan-dalan sakubênge pandhêlikane Trunajaya dijaga prajurit, wusana Trunajaya nungkul. K. Susuhunan arêp priksa marang Trunajaya, nanging barêng disowanake ing ngarsane, nuli diprêjaya ing sang prabu piyambak (1680).

Sênajan ing taun 1652 wis ditêmtokake yèn Ci Sêdhane kang dadi tapêl watêse Bantên lan jajahan V.O.C., ewadene wong Bantên iya ora wêdi njêjarah, mbegal ing sawetane Ci Sêdhane. Ing taun 1656 kêlakon dadi pêrang nganti tumêka taun 1659. Ing salêbaring pêrang mau V.O.C. mêksa durung rukun karo Bantên. Ing wêktu samono kang jumênêng ing Bantên Sultan Agung (Abu'l Fatah utawa Tirtayasa).[66]

Sang prabu pancèn ratu pêng-pêngan, kang diudi mumbuling nêgara lan undhaking jajahan, mulane sêngit bangêt marang Compagnie, awit digalih ngalang-alangi pangêlaring jajahan. Saka pambudidayane Sultan Agung kêlakon kutha Bantên bisa rêja lan rame. Wong Inggris, Denemarkên lan Prasman padha olèh idin dêdagangan ana ing Bantên. Nalika kraman Trunajaya Sultan Agung ora gêlêm nganggêp ratu marang Mangkurat II lan mitulungi marang Makasar (mungsuhe V.O.C.). Pangarêp-arêpe yèn prajurit V.O.C. suda bangêt, wong Walanda banjur gampang kalahe karo Bantên.

Ing sasirêpe kraman mau rèhne G. G. Speelman wis wêruh

--- 68 ---

marang sêdyane Sultan Agung yaiku arêp enggal mêrangi Bêtawi, mulane banjur tata-tata.

Kêbênêran bangêt ingatase V.O.C. ing taun 1682 ing Bantên ana gègèr, jalaran Sang Pangeran Adipati Anom Abdu'l Kahar (banjur jêjuluk Sultan Haji) lan rayine Sang Pangeran Purbaya, rêbut kalênggahan pangeran pati. Sultan Haji rêkasa bangêt, awit S. Agung mbiyantu Purbaya. Nuli S. Haji njaluk tulung marang V.O.C., kang saguh arêp nulungi, jangji wong Walanda ana ing Bantên olèh monopoli.

S. Agung banjur kêplayu dioyak ing prajurit Compagnie. Barêng kêcêkêl banjur digawa mênyang ing Bêtawi ditahan nganti têkan ing sedane (1692).

Wose prajangjian ing taun 1684 wong Inggris lunga saka Bantên, nuli ngalih mênyang Bêngkulèn. Kêjaba iku V.O.C. wênang mèlu ngrêmbug ruwêt-rêntênging nagara ing Bantên.

Wiwit ing jaman iku Cirêbon uga mèlu ngaub marang V.O.C.

 


§ Senapati mêrangi Pajang. (kembali)
§ Adêge Karajan Mataram. (kembali)
§ Adêge karajan Bantên. (kembali)
§ Hasanudin jumênêng sultan ing Bantên. (kembali)
§ Hasanuddin ngrêjakake Bantên. (kembali)
§ Pangeran Yusup. 1570–1580. (kembali)
§ Maulana Mohamad 1586–1596. (kembali)
§ Pangeran Aboelmafachir 1596. (kembali)
§ Kutha Bantên. (kembali)
10 § Dêdagangane tanah Europa lan Asia wetan ing jaman kuna. (kembali)
11 § Wong Portêgis njajah bumi. (kembali)
12 § Vasco de Gama têkan ing Indhu 1498. (kembali)
13 § Wong Portêgis ana ing Moloko 1513. (kembali)
14 § Ing tanah Jawa. (kembali)
15 § Wong Portêgis nguwasani dêdagangan ing Moloko. (kembali)
16 § Lêlayarane Columbus 1492. (kembali)
17 § Magêlhaèns ngubêngi bumi 1519. (kembali)
18 § Wong Sêpanyol nêlukake Filipina. (kembali)
19 § Ajuning lêlayarane bangsa Walanda. Abad ping 15. (kembali)
20 § Sabab-sabab kang njalari wong Walanda mênyang Indhiya. (kembali)
21 § Wong Walanda kêtug ing Bantên. 1596. (kembali)
22 wong. (kembali)
23 § Wong Portêgis ngêngèl-êngèl dêdagangane wong Walanda. (kembali)
24 § Van Neck olèh dagangan mrica 1598. (kembali)
25 § Wong Walanda mênyang Moloko. (kembali)
26 § Wong Walanda dipêrangi bangsa Sêpanyol lan Portêgis. (kembali)
27 § Wong Walanda ngêdêgake loji (kantor). (kembali)
28 § Sêbab-sêbabe. (kembali)
29 § Wêwênange. (kembali)
30 § Pawitane. (kembali)
31 § Pangrèhe. (kembali)
32 § Wiwitane V.O.C. dêdagangan ing Indhiya. (kembali)
33 § Mungsuhe V.O.C. (kembali)
34 § 1. Inggris. (kembali)
35 § 2. Sêpanyol lan Portêgis. (kembali)
36 § Èra-èru ing Moloko. (kembali)
37 § Pangrèhe V.O.C.: Gouverneur-Generaal kang kawitan: P. Both. 1609. (kembali)
38 § Pêrang ana ing kutha Jakarta. (kembali)
39 § V.O.C. bêdhami lan Inggris. (kembali)
40 § J. P. Coen lèrèh 1623. (kembali)
41 § Wong Inggris lunga. (kembali)
42 § Pêrang ing Bang Wetan lan Madura. (kembali)
43 § Compagnie ing Jakarta. (kembali)
44 § Bantên. (kembali)
45 § Mataram nêmpuh kutha Bêtawi. 1628. (kembali)
46 § Bala Mataram mundur manèh. 1629. (kembali)
47 § Kaanane karajan nalika sedane S. Agung. (kembali)
48 § Sedane J.P. Coen. 1629. (kembali)
49 § V.O.C. mênang karo wong Portêgis. (kembali)
50 § V.O.C. mungsuh Bantên. (kembali)
51 § Taun Jawa. (kembali)
52 § Acih. (kembali)
53 § Jênênge pulo Sumatra ayake manut jênênge krajan Samodra iku (cara Arab Syamatera). (kembali)
54 § Kombul-kombule nêgara Acih 1590–1636. (kembali)
55 § Dhèli lan Asahan. (kembali)
56 § Siak. (kembali)
57 § Mênangkabau. (kembali)
58 § Palembang. (kembali)
59 § Kraman ing Moloko. (kembali)
60 § Sultan ing Makasar prêjangjian lan V.O.C. 1667. (kembali)
61 § Kraman Trunajaya. (kembali)
62 § Mangkurat I lan V.O.C. mêrangi kraman. (kembali)
63 § Prajangjiane C. Speelman. (kembali)
64 § Mangkurat I seda. (kembali)
65 § Prajangjian Jêpara 1677. (kembali)
66 § Pêrang ing Bantên 1656–59 lan 1682. (kembali)