12. Asmarandana

1. Sigêgên lingirèng nguni | wasita lèn dyan kocapa | prajèng Kudus [Kudu...]

--- 131 ---

[...s] winiraos | ki gêdhe ring Kudus ika | têtiga atmajanya | samya jalu bagus-bagus | lyan ibu ri kang taruna ||

2. tunggil ibunya kêkalih | ri kang atuwa punika | wus samya akrama karo | atmaja graha taruna | satunggil dèrèng krama | samana pan maksih timur | wus lama pan adiwasa ||

3. tansah ingatag akrami | dening yayah sru lênggana | apan dahat pamopone | raosing tyas dahat mudha | ywa na mawi agraha | bwat rêncanèng ing tyasnya gung | mangkana panguningèng tyas ||

4. pan maksih kyèh tyas kaèsthi | kautamaning sujanma | rumaos dèrèng tuk raos | marmanya dahat lênggana | kinèn krama ing yayah | nanging ki gêdhe ing Kudus | mojar sangêt mrêdèng suta ||

5. lah kramaa sira kaki | ayya wèt kita anglamba | akarya ucaping ngakyèh | yen kita tan akramaa | lah kita pilihana | atmajanya wong sa Kudus | miwah lan ing Kudus ika ||

6. mancapat môncanêgari | sutanya kita piliha | sok kita sênênga bae | iyèngsun kang lumaksana | yèn kita kayunana | ri kang suta dahat nuhun | suka yèn karuntikana ||

7. ri mangkèng ulun puniki | dèrèng mantrèng nêdya ring dyah | pan wus kaulatan kabèh | dèrèng wontên dyah kadriya | yèn sambada paduka | ulun mangke nuhun bêndu | sampun age kramakêna ||

--- 132 ---

8. ri kang yayah têmah runtik | mirsa aturing suta |[1] de tan pinituhu linge | saksana tinundhung sira | nguni rikang atmaja | ki gêdhe lingnya sru bêndu | amrih kèdhêp rikang warah ||

9. dadya akraitèng[2] ati | Ki Jaka dènnya dinukan | saya sru rudatin tyase | sangking jrih dukaning yayah | dadya anilib tingal | musna ri kalaning dalu | tan ana ri kang wong wruha ||

10. enjing wus katur ngramèki | yèn sutèng ring dalu musna | kagyat tyasira ki gêdhe | agya kinèn ngulatana | ing desa myang ing wana | ring praja lyan tan kapangguh | ki gêdhe narimèng Suksma ||

11. mangkana ingkang winarni | kang murca sing prajanira | Ki Jaka lêpas lampahe | tan ana sinêdya ring tyas | tan lyana wanawasa | ring gunung Kêndhêng dinunung | praptèng wana tapa ngidang ||

12. tan arsa kongang ing janmi | Ki Jaka amati raga | datan kawarna lamine | samana kalunta-lunta | lampahira Ki Jaka | dyan umulat ri kang ranu | êning ring bèji pangangswan ||

13. ayom sitinya arêsik | kaedêran sarwa sêkar | ayom sarwa sri yèn tinon | agya araryyan Ki Jaka | sasoring sarwa sêkar | Ki Jaka tanêk alungguh | warnanên kang darbe taman ||

14. Ki Agêng ing Kêmbang Lampir | ketang rikang darbe taman | apan ika pangangswane | wong Kêmbang

--- 133 ---

Lampir kabèhnya | môngka kang cinarita | kyagêng ri atmajanipun | satunggil èstri utama ||

15. apan maksih Rara Kênci | ayunya datanpa sama | wus amêpêk biraine | tansah pinrih akramaa | nanging dahat tan arsa | dèrèng wontên tyas dinunung | marmanira wèt anglômba ||

16. sêmana ya maring bènji |[3] angangsu datanpa rowang | wanci wusing bêdhug suwe | warnanên ingkang angidang | raryyan têpining taman | sêmana mawas andulu | yèn ana dyah kênya mara ||

17. karsanya yun wusing bènji | yeka datanpa rêrowang | Ki Jaka sigra lumèngsèr | sênêtan ampungan wrêksa | têpining bèji ika | nênggih wontên wrêksa kêpuh | madhampit lan wrêksa gayam ||

18. rika unggwanya mrih silib | Ki Jaka ya mrih katingal | nanging waspaos tingale | Ki Jaka marang sang rara | nanging sang dyah prayatna | ing sasolah bawanipun | sajro taman kawas-wasan ||

19. apan tan ana kaaksi | sang rara wus aprayatna | tan ana taha-tahane | sang rara amêdhar sinjang | kalawan kasêmêkan | sang rara gya nyawuk banyu | siram tan apatêlêsan ||

20. sang kanya dahat dumêling | sasêla-sêlaning raga | kang arupit pan katoton |[4] ri sadanguning asiram | Ki Jaka pan waspada | adhasar dyah tuhu ayu | sarira tanpa warana ||

--- 134 ---

21. dangu dènnya aningali | Ki Jaka sampun kagiwang | muhung sang rara nèng panon | supe ing kasutapanya | mulat ing dyah asiram | sang rara gya mêntas sampun | ngrasuk sinjang kasêmêkan ||

22. Ki Jaka agya umijil | sangking unggyaning sênêtan | dangunya nahên wirage | Ki Jaka ing Kudus ika | saêntasirafootnote}Lebih satu suku kata: saêntasnya{/footnote} sang rêtna | amêksa nêkakkên kayun | dahat tan amawi taha ||

23. Ki Jaka murugi aglis | sang ayu sampun cinandhak | amisesa panggujêge | sang dyah gumêtêr angganya | rinangkêt ring wong priya | apan satuwuk tumuwuh | dèrèng acêlak lan priya ||

24. nanging sang dyah wus birai | dahat mêpêk balègira | watêk èstri lan kakunge | dadya sumèh karsanya |[5] èngêt ing balègnya |[6] dyah amanggih kakung bagus | dumadya anunggil karsa ||

25. ing solah datan winarni | sêmana wus sacumbana | pan wus pasthining Hyang Manon | panggihing jêjaka rara | saking gênturing tapa | wijiling sujanma luhung | tan winarna polahira ||

26. ri uwusing mangkanèki | Ki Jaka sira gya kesah | umanjing ing wana malèh | angidang rika tapanya | tan arsa wruhèng janma | myang sang dyah rara wus mantuk | tan kawarna laminira ||

27. risang rara wus katawis | kêkandhanganing awawrat | owahing pasarirane | ibu rama datan samar | yèn [yè...]

--- 135 ---

[...n] têmah kawirangan | kang rama tansah anantun | amrêsudèng sutanira ||

28. ingsun atanya sirèki | nini sapa rowangira | ngong jarwanana yaktine | yèn kita nini sajarwa | ngong dhaupakên sira | lan kang jampyani raras rum | ayya wèt akarya wirang ||

29. dahat dènira tan apti | yèn sajarwaa ing yayah | ni rara uwus karaos | yèn saya wuwuh wirangya |[7] ngangkêna lyan kang nyata | dadya sang rara amupus | suka yyan têmah apêjah ||

30. têlas dènira mrih yêkti | ki gêdhe mring atmajanya | asangêt pamrêsudine | sangking sangêting atmaja | gènnya tan arsa jarwa | têmah kaku ing tyasipun | ki gêdhe dahat runtiknya ||

31. rêngu wijilnya rikang ngling | manguman-uman ing suta | kya gêdhe tyasnya wus kepon | tan kawawa nahên wirang | mila atêmah puhas | tyasnya ki gêdhe mring sunu | mangkana ri kang atmaja ||

32. asangêt jrih yayah runtik | saha tyas kandhahan wirang | sêmana ing ratri lelos |[8] sang dyah tan jrih ratri siyang | wus manjing mêtyèng wana | tan kawarna laminipun | saya sêpuh dènnya wawrat ||

33. wus têkèng samaya sasi | kang jabang bayi ambabar | anèng wana laire |[9] ngaran wana Kapanasan | ri kang ibu parastra | konduran parastranipun | rikang suta anèng dagan ||

34. apan wus karsèng Hyang Widi | uriping raryya lit ika | munggwing daganya bibine |

--- 136 ---

sigêgên lèn kawarnaa | Ki Agêng Selandaka | ya karêmênya nênulup | akalangênan ing wana ||

35. Nanging sabên mring wanadri | Ki Agêng ing Selandaka | yyan anênulup kalangon | apa rikang ngupadosa | dèrèng wruh cuwa ring tyas | anging kalamôngsa iku | Ki Agêng dhatêng ing wana ||

36. nênulup kalangwanèki | nanging kadya sinupatan | tan mulat pêksi sawiyos | agêng kang arupa pêksya | yyan Ki Agêng manggiha | kinjêng kêndhêla tan nêmu | myang kang warni buron wana ||

37. satunggil datan amanggih | muwah lyaning buron wana | salirning kang kaupados | ki agêng datan lumiyat | nanging tan sudèng karsa | ki gêdhe sangsayandarung | ngidul ngetan lampahira ||

38. apan tan tumamèng margi | Ki Gêdhe ing Selandaka | ri lampah nêmpuh wana grong | lingsèn karya brôngtaneka | unggwan ngupadi burwan | lêpas ri lampah andarung | sadhatênging Kapanasan ||

39. kagyat ki agêng ningali | rare jabang guladrahan | saha mlasakên tangise | nèng dagan bibi parastra | Kyagêng ing Selandaka | dahat wlasirèng andulu | saksana pinarêpêkan ||

40. wus awas dera ningali | Ki Agêng ing Selandaka | mring bibi ri kang wus layon | tuhu ayu warnanira | kadya trahing awirya | lan [la...]

--- 137 ---

[...n] rare jabang pan jalu | abagus suwarnanira ||

41. asangêt wlasirèng galih | Ki Agêng ing Selandaka | agya mêcat paningsête | cindhe kêmbang gya kinarya | angêmban rare ika | sêmana uwus sinambut | ingêmban kang rare jabang ||

42. agyarsa binêkta mulih | angalèr ngilèn lampahnya | ucapên mêdyèng margane | wontên kidang ngalang marga | lir minangsi wulungya |[10] asungu kêncana mancur | anetra rêtna kumala ||

43. kya gêdhe sampun kagimir | mulat rikang kidang êmas | agya arsa ingupados | rikang kidang pinarêkan | kidang ika lumaywa | tan têbih palayunipun | tansah ngatingal ing ngarsa ||

44. ki agêng sangêt dera mrih | sangking wus karêm rikang tyas | dadya tinut saparane | kidang mring ki agêng ika | tan etang dalu siyang | ngalèr ngetan lampahipun | wus lêpas manggih patapan ||

45. ri kang kidang gya tan kaksi | sadhatêngirèng patapan | ki agêng cuwa ring tyase | angganya lêsu tan rêkat | tanbuh paraning duka | dadya raryya lit sinêndhu | rinaos tanpa karyaa ||

46. mangkana acipta ngati | Ki Gêdhe ing Selandaka | kaya apa raganingong | anggawa kang rare jabang | tambuh ingkang ayoga | tan wrin ala bêcikipun | kalêbèng cêla tyas ingwang ||

47. ri uwus aciptèng ngati | Ki Gêdhe ing Selandaka | agya nèlèhakên rare | sasor

--- 138 ---

Giyanti prênahnya | munggwing siti patapan | anulya tinilar sampun | jabang bayi gilang-gilang ||

48. sahira ki agêng aglis | andhatêngakên ing karsa | ngupaya kidang êmase | jabang bayi kang tinilar | anèng patapanira | ring nguni Ki Agêng Tarub | duk gêsang lwir guladrawa ||

13. Dhandhanggula

1. Datatita lingira ing nguni | wontên malih ingkang cinarita | kang tinutur sajarahe | ni wulanjar ing Tarub | pan kalangkung kawêlasasih | satilare kang raka | tansah anggung wuyung | ka[11] dadya paraning brôngta | ni wulanjar ing Tarub dahat kapengin | wruh rasaning sêsuta ||

2. duk ing nguni maksih rikang laki | nyai rôngdha dèrèng asêsuta | kasêlak tilar kakunge | marmanya ya kalangkung | nyai rôngdha dera prihatin | lali boga myang nendra | dahat dera nêkung | sêmana gya tinarima | de Hyang Suksma ing malêm Anggara Kasih | madya ratri wayahnya ||

3. anon cahya padhang anêlahi | ni rôngdha prênah dhepok kang raka | patapane duk gêsange | ni rôngdha kagyat dulu | ya ta nuli dipun parani | dhatêng ing nyai rôngdha | gyan cahya kadulu | sangking liwunge kang manah | ni wulanjar tan ana dèn kawêdèni | ri sapraptane kana ||

4. nyai gêdhe pan kagyat mulat ing | dening ana jabang [ja...]

--- 139 ---

[...bang] bayi lanang | sasor Giyanti ênggone | gya pinaranan gupuh | ugyaning kang ri jabang bayi | ya mring nyai wulanjar | nulya glis sinambut | kang jabang bayi ingêmban | mring ni rôngdha saksana binêkta mulih | dhatêng ing wismanira ||

5. sira praptaning wisma tumuli | ni rôngdha langkung bungahing nala | gya nulya wêwêdhak age | apilis kunir apu | mangkah-mangkah pambayun kalih | lwir bêbêle ni rôngdha | karsaning Hyang Agung | dinulur ring sakarsanya | nyai rôngdha saluku dènnya alinggih | sutanya sinusonan ||

6. ri saksana byar raina nuli | têtanggane pra sanak ni rôngdha | miyarsa tangising rare | nulya gya samya rawuh | atêtijo[12] mirsa bêbayi | kagyat angling ing nala | kapanane iku | wawrat dene apêputra | baya sapa rencange apulang rêsmi | dahat gawok tumingal ||

7. ri kang têbih pra sanak pan prapti | atêtinjo mring nyai wulanjar | samya bêkta samêktane | ri kang bêbayinipun | nusya lamon ana têtami | yyan tan ana dhatêngan | pan tan arsa nusu | nanging jêmpole astanya | kang den susu kacarita sapta ratri | padhang anglir raina ||

8. soroting cahyaning jabang bayi | ri kang madhangi wismèng ni rôngdha | dadya tan ana wêngine | nyai rôngdha ing Tarub | salaminya darbe bêbayi | kathah darajatira | myang

--- 140 ---

rajêkinya gung | ri sakyèhnya kang umulat | jalu èstri mring jabang bayi kaswasih | saha kacaryan mulat ||

9. tan warnanên laminya ring mangkin | jabang bayi umur pitung warsa | dadya panutan raryyakyèh | Ki Jaka bawanipun | rare cili apan padha sih | tut wuri mring Ki Jaka | karyanya nênulup | angambil kijêng kêndhala | sabên dina raryya kèh anganut wuri | samyasih mring Ki Jaka ||

10. samana Ki Jaka aprihatin | sangking gèn ngarsakkên tulup ika | mila tan dhahar tan sare | kawarnaa ring dalu | kae Jaka sare naritis | anèng patapanira | ramanya karuhun | wayahing bangun raina | wontên dêmon sumêladhang ulon guling | asakoh[13] ujung lanang ||

11. dyan cinandhak mring Ki Jaka aglis | punang dêmon aponthang kancana | Ki Jaka bungah manahe | enjing kesah nênulup | rare kathah samya tut wuri | sabên dina mangkana | mantuk lamun surup | sêmana saya diwasa | kae Jaka umur kawan wêlas warsi | mêksih rêmên mangkana ||

12. nyai rôngdha sangêt mituturi | mring kang putra lah sira kramaa | apan sira wus agêdhe | marènana nênulup | akramaa nakingsun gusti | lah sira pilihana | parawan ing Tarub | pra tuwin Warung Sêsela | pilihana Ki Jaka umatur aris | ulun ibu [i...]

--- 141 ---

[...bu] lênggana ||

13. kala ing mangke tan arsa krami | mêksih rêmên nênulup mring wana | wikana ibu ing têmbe | ibunira lingnya rum | lah ta apa kang sira anti | pan sira wus winayah | ala ucapipun | yèn sira tan akramaa | apa sira nganti rabi widadari | ora arsa manusa ||

14. kae Jaka aturira aris | ibu sampun age kita duka | ing benjing pintên dangune | nyai rôngdha amuwus | yèn mêngkono ta sira kaki | rêmên asaba wana | nanging wêkas ingsun | aja munggah ing prawata | lamon sira kaki anênulup paksi | iku ta pangalapan ||

15. ri sampunya mangna sira glis |[14] Ki Jaka kesah dhatêng ing wana | ya ta nênulup karyane | ya ta saya andarung | lampahira tan manggih paksi | saya kalunta-lunta | supe wêkasipun | sigra minggah ing prawata | kae Jaka tan manggih paksi satunggil | mangkana cinarita ||

16. wontên paksi endah ingkang warni | pinaranan dhumatêng Ki Jaka | akarsa tinulup age | punang pêksi dyan mabur | mencok ing pang dènnya angalih | anulya ingangkatan | tinulup dan mabur | Ki Jaka langkung kacaryan | tinut wuri wau saparaning pêksi | ya ta kalunta-lunta ||

17. sangsaya nêngah manjing wanadri | tinut wuri pêksi mring Ki Jaka | gya manjing ing wana gêdhe | adoh

--- 142 ---

lor adoh kidul | punang paksi ical tan kaksi | nênggih têngahing wana | wontên sêndhangipun | kang sêndhang wêning gumilang | kacarita padusaning widadari | Gara Kasih têkanya ||

18. wau nuju dina Gara Kasih | kang widadari arsa asiram | ing awang-awang sakane | swaranira kumrêrud | kae Jaka garjitèng ati | iki swaraning apa | ing luhur kumrêrud | dyan widadari tumêdhak | mring têlaga Ki Jaka dhêdhêp tan angling | sarwi ampungan wrêksa ||

19. nulya cucul ingkang widadari | kasêmêkan sinjang lan rasukan | ambyur ing we siram kabèh | ganti kosokan sampun | pambayunya lwir cêngkir gadhing | pindha wintang sinêbar | pancoroting banyu | Ki Jaka kenyut ing nala | tansah sabil ing nalanira pribadi | Ki Jaka anggarjita ||

20. arsa nyêlêr sinjang myang kulambi | Ki Jaka mara sarwi anglungsar | angula dumung lampahe | nulya inguthik sangkuh | ri kang sinjang lawan kulambi | saha kasêmêkanya | wus kêna sinambut | mêhêng busana saôngga | kang rèmbil kêkêmbên sinjang kulambi |[15] binêtèng mantuk wisma ||

21. sapraptane ing wisma tumuli | kasêmêkan sinjang lan rasukan | nulya sinimpênan age | anèng dhasaring lumbung |

--- 143 ---

kae Jaka wangsul tumuli | ambêkta kasêmêkan | lawan sinjangipun | sigra wangsul dhatêng wana | sampun prapta talaga têngah wanadri | Ki Jaka ling-alingan ||

22. kang asiram pêpêkan pan maksih | sami sêsiblon eca kosokan | aganti lawan rowange | adangu dènnya adus | tan anyana lamun dèn itip | ya ta sira Ki Jaka | sigra watuk-watuk | saksana kagyat kabèhnya | widadari umulat mring sang apêkik | samya mabur mring wiyat ||

23. umantuk mring kayanganirèki | apan ana ya kari satunggal | anuju kang pangarsane | maksih anèng jro ranu | ri kang ilang baksananèki |[16] Dèwi Anawangwulan | ri kêkasihipun | maksih akukum[17] jro toya | ring warnanya lêwih samwèng widadari | lwir sasôngka cahyanya ||

24. Ki Jaka Tarub agya marani | sarya angling alon ri wuwusnya | dahat tambuh patakone | inggih kita bok ayu | lah ring pundi pinangkwèng nguni | sintên sinambat nama | angum jroning ranu | lan kita punapa karya | dahat awlas ulun niki aningali | lah kita sajarwaa ||

25. sang dyah ayu angling asmu tangis | pan ingsun iki dudu manusya | widadari sayêktine | Nawangwulan ran ingsun | ingsun dus ing talaga iki | tinilar mulih ingwang | maring rowang ingsun | kagyat ana jalma prapta | janma edan akarya kagyating [kagya...]

--- 144 ---

[...ting] galih | mijile rowang ingwang ||

14. Mijil

1. Kêkêmbên sinjang rasukan mami | ing wataraningong | pasthine ika karangkud bae | yêkti ika kêkècèr ing margi | saking rika ugi | ngagèti wong adus ||

2. baya mêndêm gadhung rika ugi | tan wruh ring wong wadon | Ki Jaka mesêm amanis linge | wong ayu sampun runtik ing galih | apan ulun iki | dahat dening tambuh ||

3. yèn sêmbada lan karsanirèki | dawêg apêpadon | inggih ing supama-supamine | wontêna ingkang asung kulambi | sinjang lan camênthing | paran upahipun ||

4. sang juwita lingnya anauri | kalamon wong anom | sung sinjang camênthing kalambine | ingsun aku saudara wèdi | yèn wong tuwa ugi | bapa anggah ingsun ||

5. kae Jaka ing Tarub sigra ngling | bilih kita tamboh | inggih ulun ing mangke adarbe | sinjang rasukan lawan camênthing | nanging mangke taksih | èwêd pabênipun ||

6. yèn mangkatêna kewala ugi | pabêne sang sinom | sayêkti dereng wontên mantrane | yèn mêthukana lawan tyas mami | dening kajêng mami | yèn andika pêthuk ||

7. inggih darbèk kawula puniki | kula karya tukon | yèn kitarsa tômpa sayêktine | pasti kita ulun karya rabi | apan [apa...]

--- 145 ---

[...n] darbe mami | inggih mung puniku ||

8. lah punapa lêgaa ing galih | ing wiraos ingong | yèn wus suka sang ayu galihe | dawêg puniki dika tampèni | yèn wus kita tampi | ing sapasrah ulun ||

9. lah kita dadia rabi mami | darbèk dadi tukon | puniku yèn sêmbada karsane | sang dyah ayu èmêng tyas tanpa ngling | Ki Jaka ling malih | kadipundi kayun ||

10. sampun mindêl kemawon mas gusti | ecane tyas ingong | sang dyah ayu kèwêdan ring linge | sarya tumungkul angum jro warih | sangsaya mlasasih | citrane sang ayu ||

11. lingya[18] Ki Jaka lah kadi pundi | ecane tiningong | sang dyah ayu anulya dan linge | inggih kita yèn kita tulus nyukani |[19] sinjang lan kulambi | marang ragèng ulun ||

12. mugi andika tulusa dadi | samitra sayêktos | kang ingaran sudara wèdine | dening ing jangji salakirabi | pan lênggana mami | yèn dadia dhaup ||

13. kae Jaka sigra dènira ngling | lah ta yèn mangkono | yèn kusuma tan arsa kramane | pasthi manira nora ngaturi | ngaran kêthèk langking | baya durung kontung ||

14. yèn apanggiha awak puniki | lan sang liring sinom | yakti tan asung ulun pasthine | sang kusuma kèwêdan ing galih | angartikèng ati | paran têmahipun ||

15. yèn tan nurutana ingsun iki | ing sakarsanya wong | yakti [ya...]

--- 146 ---

[...kti] awèt ngong nèng toya kene | lawan ingsun sida apanggih |[20] kalawan wong iki | paran polah ingsun ||

16. dening manusa lan widadari | baya raganingong | uwus karsaning dewa yaktine | kaya ngapa gon ingsun gumingsir | Nawangwulan angling | lah iya ki bagus ||

17. raga manira iki ing mangkin | karsanira ngangkoh | nanging manira sungana age | sinjang kasêmêkan lan kulambi | Ki Jaka nulya glis | ngulungakên sampun ||

18. sinjang rasukan wus dèn tampani | mring sang ayu gupoh | dyan rinasuk pasungsung sakèhe | Ki Jaka dahat suka tyasnèki | sang rêtna nulya glis | mêntas sangking ranu ||

19. tan antara nulya dèn aturi | wau sang lwir sinom | mring Ki Jaka mantuk ing wismane | ya ta lumampah tiyang kêkalih | Ki Jaka umiring | lumakwa ing pungkur ||

20. tan kuciwa sang dyah dadya rabi | pinèt ing pasêmon | lwir Kamajaya lawan Ratihe | sang dyah lumampah tumungkul isin | gêgêtun tan sipi | ri polah kagugu ||

21. dene tan anyana tan angipi | ri tyas sang lwir sinom | yèn manusya kang dadya lakine | wus anyipta yyan karsane Widi | tan kêna wah gingsir | wau lampahipun ||

22. sampun prapta ing wismanirèki | ni rôngdha duk anom |[21] mring kang putri pinalayon age | gupuh rinangkul putranirèki | sira têka ngêndi |

--- 147 ---

gusti anak ingsun ||

23. dening ta sira olih pawèstri | suta matur alon | punika putra andika mangke | unggwan manira anyar akrami | sampun samya linggih | wong têtiga ibu ||

24. munggwing wisma ni rôngdha tanpa ngling | mulat sang lwir sinom | sakalangkung pangalêming tyase | adhuh anak ingsun sira gusti | bisa têmên rabi | dening ayu langkung ||

26. tuhu yèn datan ana tumandhing | ayune nak ingong | baya iki kang kalokèng ngakèh | ingkang ingaranan widadari | Supraba ing swargi | ni rôngdha gya muwus ||

27. alah uwis anak ingsun gusti | brêsihana gupoh | wiwahaning salakirabine | tan kawarna wus dèn wiwahani | apan suka sami | sakèhe wong Tarub ||

28. ni rôngdha langkung bungahing ati | dahat apêpondhong | sarya uwus dèn jarwani kabèh | dening sutanira sang apêkik | duk kala apanggih | nèng talaga dangu ||

29. mila sangsaya bungahing galih | bungah tanpa nganggo | ni rôngdha warêg tanpa buktine | kang mantu tansah ginusti-gusti | atut dera krami | ni rôngdha kalangkung ||

30. dènnya amarwata sutèng galih | mawas suta karo | dene datan ana kuciwane | jalu èstri tan ana winanci | èstri ayu lêwih | kakung luwih bagus ||

31. dalêmira ni rôngdha ing mangkin | pinapajang kaot | lwir kaswargan ri pêpajangane | kawarnaa putra jalu èstri | kalih ana linggih |

--- 148 ---

munggwing kasur babut ||

32. wus sumurup hyang pratônggapati | hyang côndra gumantos | sumilah lwir raina padhange | anuju wau purnamasidi | pasaja sang dèwi | jatmika ing sêmu ||

33. tan kadêrêng awiragèng ragi | sang apindha sinom | nanging sasolah asung wuyunge | cahya mancur tan ana tumandhing | sigra sang lwir ratih | rinarêpèng kakung ||

34. tansah rinungrum ingarih-arih | sang murtining sinom | sahya ingêmban dhatêng kakunge | binêkta marang ing jinêm wangi | tumangkêb kang samir | lunggwèng mêdyèng kasur ||

35. kakungya[22] dahat maring ing rabi | srênggara kalangon | nguswa saha pangasih-asihe | mangrêngih lwir satpada upami | kang anguswèng sari | mrih wêdharing santun ||

36. ri upami kadya pa dera mrih | sari tunjung anom | yèn tan sabara sirèng kaptine | môngsa olih sari kadadyaning | bramara tiwasing | tanpolih mrih santun ||

37. dadya sêkar wigar saunggwaning | tiba tanpa ênggon | kakung manêkakakên asmarane | [23] sang rêtnayu saha miwal kapti | dhasare sang dèwi | canggèh tilam santun ||

38. sang kakung arsa angaras pipi | dyah nginggati gupoh | sarya ngling alon ing pamuwuse | hèh babo baya arsa punapi | têka anggêgampil | pipi kang jinujug ||

39. kumawawa iki sun arani | angkuhe mring wong wadon |[24] dene daya gêlêma [gêlê...]

--- 149 ---

[...ma] ing mangke | angkoh têka gêthana-gathini | kudu ngaras pipi | kaya wong ingugung ||

40. gêthing têmên ingsun iki ugi | yèn ana wong ngloncong | dening tan kandhêg ujar tan sarèh | lah uwis uculna asta mami | kakung saya ngukih | widêgdèng pangrungrum ||

41. atêmah kakung nêkakkên kapti | lir bramara awor | ring puspita sru mamrih madune | arêmih-rêmih swara nrang gêndhis | sang dyah wus tanpolih | dera miwal kayun ||

42. tan winarna dènnya mawor kapti | sang apindha sinom | kalawan kakung Jaka Tarube | awêlèh yèn wêdhara ing tulis | kawarnaa mangkin | wusing awor lulut ||

43. sang dyah sêmana kalihan linggih | lan kakung sang anom | apan sêdhênge pêpasihane | ing siyang ika anug ratri |[25] atut dènnya krami | jalu èstri lulut ||

44. datan kêna bêngganga sanyari | tansah wor kalangon | kadya mimi ing siyang ratrine | kakung asih ing garwa nglangkungi | sang rêtna yu asih | ing langka kalangkung ||

45. kacarita apan sampun lami | dènnya sapatêmon | kae Jaka ing Tarub ing mangke | kalawan kang garwa widadari | sangsaya alami | sang rêtnaning ayu ||

46. angidham-idham kaworan nênggih | sangsaya awuwoh | asih lulute dhatêng kakunge | nyai rôngdha ing Tarub winarni | sêmana wus lalis | tan tulus atunggu ||

--- 150 ---

47. ri satilare ibunirèki | ya ta winiraos | Ki Jaka tulus ing pakramane | kacarita sasedaning bibi | Ki Jaka gumanti | nama Kyagêng Tarub ||

48. pan dadya pangaubanirèki | ri sakyèh punang wong | ing Tarub padha gusti anggêpe | myang wong Sêsela kabèh wadyasih |[26] suyud jalu èstri | mring Ki Agêng Tarub ||

49. dyan warnanên kusumaning adi | dènira abobot | saya lama têkèng antarane | ya ta ambabar kang jabang bayi | apan miyos èstri | cahyane umancur ||

50. asawang wulan purnamasidi | kawas-was[27] mancorong | ibu rama kalangkung sihe |[28] watêk atmaja lagya satunggil | sêmana lumiling | èsême lwir juruh ||

15. Dhandhanggula

1. Sakamantyan ingkang jabang bayi | sarirane lwir mas sinêpuhan | lagya lumiling wayahe | citrane lêwih ayu | winastanan Rara Nawangsih | ingkang rama sêmana | sihira kalangkung | atanapi ibunira | sangêt trêsna dhumatêng Rara Nawangsih | langkung dinama-dama ||

2. sang dyah umatur dhatêng ing laki | manira dhatêng lèpèn sadhela | angumbah popoking rare | apan boya adangu | mung dang-dangan manira iki | pakanira tunggua | nanging wêkas ingsun | ki umah mring pakanira | alah poma sampun [sampu...]

--- 151 ---

[...n] ta para ungkabi | ing sapungkur manira ||

3. alah boya amêmêkas malih | kakung nauri lah yayi iya | ing mêngko ingsun tunggune | nulya mangkat sang ayu | nyangking popoking jabang bayi | wau ta kawarnaa | Ki Agêng ing Tarub | ingkang atêngga dang-dangan | sarwi momong atmaja kang mêksih alit | sinambi ingkang putra ||

4. Ki Agêng Tarub micarèng ati | sarabiningsun pan sampun alama |[29] iba saapa lamine | ingsun kayani pantun | mung salumbung pan durung rêmpid | iya sawabe apa | liwat barkatipun | pan ingsun nora kaduga | Kyai Agêng ing Tarub tansah ngling ati | sarwi têngga dang-dangan ||

5. nora kêndhat urube kang gêni | Ki Agêng Tarub pan wus dilalah | manahipun salah gawe | ènthèng astane ganggu | kang dang-dangan dipun ungkabi | sarêng kêkêb dèn angkat | Ki Agêng duk mangu | iya kang anèng kukusan | dening têka iya mung pari sawuli | punika kang dipun dang ||

6. agya nuli kinêkêban mali |[30] ênêngêna kang têngga dang-dangan | ucapên kang dhatêng lèpèn | sêmana nuli rawuh | meme popoking jabang bayi | lajeng dhatêng padangan | gêntosi ing kakung | kang raka mêntas mring wisma | sang dyah ayu ing wau atunggu gêni | sinantêr dènnya adang ||

7. ya ta sinantêr urubing gêni | wus dèn ulah langkung ing antara | nora sumub dang-dangane | sang

--- 152 ---

dyah micarèng kalbu | liwat sangking adahat lami | dang-danganisun iya | suwe nora sumub | oraa talah oraa | salah gawe wong lanang atunggu gêni | wataraningsun iya ||

8. dang-dangan nulya dipun ungkabi | ora ta ki umah nglirkên wêkas | mêngko ta sun tilikane | kêk nulya jinunjung |[31] apan maksih pari sawuli | sang dyah atêbah jaja | bênêr ora luput | ujar ingsun silih apa | alah iya baya ta sampun pinasthi | ingsun pisah lan sira ||

9. dene têka anglirkên wêwêling | mandah silih aja dèn wêkasa | têka sira salah gawe | sang dyah ayu amuwus | kakungira kang dèn takoni | ki umah pakanira | boya ganggu-ganggu | wau sapungkur manira | pakanira boya angungkab-ungkabi | ing dang-dangan manira ||

10. wêkasane sira apêpanggih | lan manira ing mangke kewala | baya ta sampun jangjine | pan manira karuhun | angsal sangking ing widadari | apan wus kamanusan | iya milanipun | amarga ing pakanira | lah ki umah manira apamit mulih | maring kayangan ingwang ||

11. ingsun mangke kamanusan malih | iya sangking tingkah pakanira | baya ta sampun jangjine | kakung tan kêna muwus | sakalangkung ngungun tan sipi | kaya dèn wangsulêna | polahe kang luput | anglês kang sarira [sari...]

--- 153 ---

[...ra] lupa | dening garwa mangke atêmahan runtik | gêgêtune nêlôngsa ||

12. sangêt gêlane sang liring sari | apan beda kaya saban-saban | owah sakalir kalire | wus andèh manahipun | kawarnaa ing lami-lami | ical kasêktènira | tan kadi karuhun | sangêt dènnya kamusan |[32] sasolahe owah kalawan kariyin | Dewi Anawangwulan ||

13. kalampahan wau saban enjing | angratêngi sêga lawan jangan | jamak-jamak lan wong akèh | pan katêkan anutu | nora towong pan sabên enjing | pari salumbung têlas | wau sang rêtna yu | sêmana ya ta katingal | kang rasukan ôntakusuma kapanggih | anèng ing dhasar pisan ||

14. sang dyah ayu jêngêr krasèng ati | cidraning laki saya katingal | kaya ginugah bêndune | nora sangsaya lipur | saya katon nora sayêkti | mila saya angrêbda | dukane sang ayu | angucap ing lakinira | lah ki umah manira apamit mulih | pakanira kantuna ||

15. manawa rare iku anangis | para gawèkêna pêpanggungan | apan iku panangise | rare mêksih anusu | milanipun lamun anangis | unggahna pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | sarate para obonga | soring panggung dening manira nuruni | iku wêkas manira ||

16. kakungira angling amlasasih | gusti unggwaning ulun ngawula | yyan ulun [u...]

--- 154 ---

[...lun] ana sisipe | lah apuranên ulun | benjing malih amêmarèni | yèn tan ingapuraa | tatar wlas marèngsun | sapa ta rikang asiha | mring ulunya yèn kita prasida mulih | ulun lah pêjahana ||

17. yyan ulun yayi wus têmah pati | lah tilarên ri sakarsa kita | ulun tan wruh sawurine | tan sagêd ulun kantun | lamun kita tilara yayi | yêkti ringwang parastra | brôngta ring sang arum | kayaparan karsanira | kita tilar yêkti suta kita nangis | tanya marang ing sira ||

18. dahat tan bisa ulun mas yayi | amomong marang ing sutanira | apari ênêng-ênênge | dene mêksih anusu | kayaparan polah ngong yayi | angling rêtna juwita | yèn arsa anusu | gya ugahnèng[33] pêpanggungan | deningmênêng rarèku dera anangis | mêrang kita obonga ||

19. kita ampah ringwang datan kêni | apan uwis padha ujar pisan | amunga samene bae | ya ta Ki Agêng Tarub | tatar wruh yyan luhnya drês mijil | umulat sutanira | tinilar ing ibu | rêtna juwita ris mojar | lah ki umah ulun ri mangkya atitip | iya ring sutanira ||

20. sigra sang rêtna ngrasuk kulambi | arsa umulih mring kayanganya | wus anyandhak mrang sagèdhèng | iya mrang kêtan wulung | kakungira ingkang mulat ing | graha pinarêpêkan | kaarsa sinambut |

--- 155 ---

sang dyah apan wus prayatna | dupi parêk sang rêtna di anginggati | mêrang agya ingobar ||

21. sigra anurut kukusing agni | Ki Agêng Tarub ika akarsa | anututi ring garwane | cinandhak-candhak luput | sang kusuma datanpa nolih | wus muluk ingambara | lêpas tan kadulu | sang kakung kari anggana | tanpa jiwa amung garwa kang kaesthi | kang merad ring kayangan ||

22. ri kang putra wau dèn tingali | luhnya mijil adrês ingusapan | sutanya sah ngaras bae | dhuh nyawa sutèng ulun | dèn ta dahat kawêlasasih | lah paran polah ingwang | yyan arsa anusu | anèng ngêndi ibunira | sigra èngêt ri wêwêkase ing rabi | yyan nangis ri kang suta ||

23. wêwêkase agya dèn lakoni | ya ta ana ngaran kayu gêtas | lêlima ika kathahe | ingkang kinarya panggung | tan antara sigra wus dadi | ing ngisor pêpanggungan | mêrang kêtan wulung | rika pinarnah ing ngandhap | arsa nusu kang jabang bayi anangis | sinambud de ngramanya ||

24. gya winangwèng minggah kang raryya lit | wus pinarnah anèng pêpanggungan | suta wus tinilar age | Kyagêng Tarub gya mudhun | ri kang suta dahat anangis | glis tumulya ingobar | kang mrang kêtan wulung | apan ta datan antara | ri kang ibu wus prapta gya anusoni | iya ring sutanira ||

25. wusnya umênêng dènira nangis |

--- 156 ---

Ki Agêng Tarub eca ri kang tyas | suta wus mênêng tangise | rang kang raryya lit tutut | wus adangu dera nusoni | gya tinilar sutanya | wus mêsat sang ayu | mara ring kayanganira | pan sapisan pindho ping têlu nêsêpi | saban dina mangkana ||

26. datan arsa anusua malih | ing sabên dina mêhêng sapisan | sabên ing wayah têngange | jabang bayi ya tutut | dyan warnanên sampun alami | jabang bayi punika | tan arsa anusu | apan glis agêng walagang | wus ingaran ni rara Rêtna Nawangsih | ri wayah sêsapihan ||

27. wus katara yèn ayunya lêwih | ri suwarna sang rara punika | tan roro lawan ingune |[34] samana wayahipun | apan lagya jêbên atapih | lagya angrusak taman | sigêgên karuhun | kawarnaa sutanira | Brawijaya ri kang sinimpar kariyin | kang anèng pasawahan ||

28. ri kang patutan lan Wandhan Kuning | winastan Radèn Bondhan Kajawan | ênting baguse rupane | ri kang cahya sumunu | anglir wulan purnamasidi | apan uwus awayah | sapangon gêngipun | saha tikah dahat beda | lan rare kyèh tuhu ri bagus linêwih | Radyan Bondhan Kajawan ||

29. Kya Buyut Masahar dyan winarni | arsa pasrah pantun mring sang nata | ri Majapait wadale | dahat kyèh ri kang pantun | pan rinêmbat dera wong cili | Radèn Bondhan Kajawan | sêmana pan [pa...]

--- 157 ---

[...n] tumut | kalayu ri kang bapanta | kae Buyut Masahar dahat tan uning | yèn tumut sutanira ||

30. Brawijaya pan lagi siniwi | dening bala anèng pagêlaran | pêpêk kang wadya balane | rikang pra putrèng ngayun | duk pinarêk kathile manik | mancur yèn tiningalan | alêlamak babut | sira Ki Buyut Masahar | dyan macundhuk muka lwir konjêm ing siti | ngaturkên wadalira ||

31. Brawijaya sigra dènnya angling | hèh wong gêdhong sira tampanana | Buyut Masahar wadale | agya tinampan sampun | sira Radèn Bondhan winarni | lumêbêt sitibêntar | paniyaga njujug | nabuh gong sêkar dalima | pan tinitir kagyat sakyèhing anangkil | gôngsa ki sêkar munya ||

32. Brawijaya kampita ring ati | amiyarsa yèn ki sêkar munya | kapêdhak ingatag kabèh | amariksaa gupuh | pinariksa yèn rare alit | ingkang anabuh gôngsa | cinêkêlan sampun | tinakon yèn anakira | Kyai Buyut Masahar pan juru sabin | katur dhatêng sang nata ||

33. Brawijaya sigra dènnya angling | hèh sang buyut sira ing Masahar | iki sutanira dhewe | Kyai Buyut umatur | inggih yêktos pan suta mami | mèsêm sang Brawijaya | anduga ing kalbu | yèn nguni kanggyanan putra | ing sang nata nanging kaatur wus lalis | mangkya darbe atmaja ||

--- 158 ---

34. tansah winangwang-wangwang kang warni | de sang nata sira Radèn Bondhan | amalêsi ing sêmune | trahing kusuma Ratu | Brawijaya angandika ris | sun pundhut anakira | sumôngga ki buyut | alah sira parakêna | ring samitra Ki Gêdhe ing Tarub mangkin | buyut matur sandika ||

35. gya pinatêdhan dhuwung kêkalih | waos satunggil de Brawijaya | waos aran Ki Palèrèd | dening namaning dhuwung | Ki Maesa Nular satunggil | kang satunggil malela | dhuwung kalih wau | apan sampun katampenan | mring dyan Jaka katiga waos satunggil | Dyan Bondhan suka ring tyas ||

36. ri wus pinaring dhuwung kêkalih | waos satunggal Rahadèn Jaka | de sang nata jêngkar age | angadhaton sang prabu | kae Buyut Masahar mulih | kalawan Radèn Bondhan | anjujug ing Tarub | ya ta ana wong bêbegal | wong kêkalih sami angadhang ing margi | amatyani sopana ||

37. Radèn Bondhan angandika aris | ika bapa ana wong bêbegal | ki buyut upêtan[35] age | ana soring palumpung | Radèn Bondhan dipun kalihi | sinudukan tan pasah | kang begal lingnya sru | lah mara kita malêsa | marang ringwang rahadèn gya narik kêris | rikang wak-awak waja ||

--- 159 ---

38. Radèn Bondhan nibakkên prajangji | iya benjang anak putuningwang | ayya na ingkang angangge | kang kadi dhuwung ingsun | awak-awak waja puniki | lêstari lampahira | ing Tarub jinujug | dyan ing mangke kawarnaa | Kyai Agêng ing Tarub ingkang ginupit | kang kasmaran ing garwa ||

16. Asmarandana

1. Atmajanira pawèstri | awayah pangrusak taman | Rara Nawangsih namane | warnanya yu tanpa sama | langlung[36] dinama-dama | mangkana Ki Agêng Tarub | aris dènnya angandika ||

2. kita têtêbaha nini | lawan angglara kalasa | alah ta nini dèn age | ri mangkya ana dhatêngan | apan using kusuma | kalawan wijiling ratu | lawan êmbane satunggal ||

3. agêpah Rara Nawangsih | sampun anggêlar kalasa | datan antara dhatênge | Rahaden Bondhan Kajawan | lawan Buyut Masahar | ri sampun tata alungguh | Ki Agêng Tarub ngandika ||

4. lah kita lungguha kaki | kusuma kang lagi prapta | bagea kita rahadèn | angling Ki Buyut Masahar | inggih ulun anêdha | sangking panambrame[37] wiku | datan sagêd mangsulana ||

5. mila ulun dhatêng ngriki | ingutus de Brawijaya | anrahakên atmajane | inggih dhatêng ing paduka | môngsa borong ing karsa | gèn kita mulang amuruk | mring Radèn Bondhan Kajawan ||

6. Ki Agêng Tarub kadugi [ka...]

--- 160 ---

[...dugi] | ring sêmune Brawijaya | dadya sandika ature | dening Ki Buyut Masahar | pan sampun sinambrama | tumulya pamitan mantuk | Rahadèn Bondhan tinilar ||

7. Ki Agêng Tarub lingnya ris | mring Radèn Bondhan Kajawan | apa karasan rahadèn | awisma ing padhukuhan | sira Rahadèn Bondhan | Kajawan ature nuhun | Ki Agêng Tarub ngandika ||

8. lah sadulurira ugi | pawèstri amung satunggal | tinilar dening ibune | iku dahat kawlasarsa | aran Ni Nawangtrêsna | kita akua sadulur | rara sira marenea ||

9. iki kadangira lagi | prapta sangking pangumbaran | iya dulur kita dhewe | ni rara sira gya prapta | watêk maksih taruna | dadya ri kang tyas mintuhu |[38] saling[39] pitêdahing rama ||

10. ing wayah rumaja putri | dèrèng wruh ing subasita | rumakêt kakang basane | tan amawi taha-taha | mring sira Radèn Bondhan | tyasnya nadulur satuhu | rèh mintuhu linging rama ||

11. Ki Agêng Tarub sira ngling | mring sira Rahadèn Bondhan | ri mangkya radèn karsèngong | kita ngong lihakên aran | Lêmbu Pêtêng arannya | kang sinung ature nuhun | datan lêngggana ing karsa ||

12. dyaning kang winarna malih | Brawijaya Majalêngka | rikala lagya umiyos | ing kathil dênta palênggah- | ira ring pagêlaran | pra putra wadya supênuh | angandika Brawijaya ||

13. maring

--- 161 ---

Gajahmada Patih | hèh apatih Gajahmada | lah kaya apa wartane | ing mangke wong Giri ika | dènnya tinub ngakathah | dening wong cili kyèh têluk | apa èstua mangkana ||

14. saha sêmbah ki apatih | ature mring sang narendra | pukulun ing warta yêktos | Sang Brawijaya gya mojar | hèh patih gya ngataga | ing punggawa ingkang agung | ngruraha ing Giri ika ||

15. ri sampuning sang nrêpati | akon maring Sang Apatya | Gajahmada tumulya ge | wus amêpêk ing punggawa | saha sanjatanira | wus samêkta gya lumaku | ing giri sampun kinêpang ||

16. gègèr sakyèhing wong giri | agêng alit apuyêngan | rêbat para palajênge | santana ngungsi jro pura | èstrinipun kewala | miwah rare sampun mawur | wanèh tumut ngungsi pura ||

17. sapakantuking wong kêdhik | wong Giri sampun samakta | sagamane dhewe-dhewe | wus anêdya sabilulah | rèhira pinitênah | atêmpuh karoban mungsuh | wong Giri akathah pêjah ||

18. miwah kathah ingkang kanin | angraos kawratan lawan | gya mundur ngungsi kadhaton | sêmana Kangjêng Susunan | Giri lagya nênêrat | kagyat grahanira rawuh | amuhun lingya sêsambat ||

19. dhuh susunan kadya pundi | ri mangkya sahabat tuwan | muwah tiyang Giri kabèh | punika akathah pêjah | kang gêsang nandhang brana | kawula tan sagêd dulu | punapa

--- 162 ---

ing karsa tuwan ||

20. kagyat tyasirèng sang yogi | raja pandhita ing arga | agya ambucal kalame | ingkang kinarya nênêrat | saryya donga ing nala | karamat oliya rawuh | kalam kang dadya curiga ||

21. tumulya ngamuk pribadi | nêmpuh mring wong Majalêngka | tatar katon pangamuke | lwir dhêdhali nêmpuh môngsa | wadya lit tan tinêrak | muhung punggawa gung-agung | tan lyan cumundhuk kang jaja ||

22. akathah ri kang ngêmasi | punggawa ing Majalêngka | ana kabêranan bae | wadya lit bubar sadaya | malayu asasaran | mulat ing punggawanipun | kathah pêjah tanpa lawan ||

23. rumaos tan mungsuh janmi | ciptane wong Majalêngka | kawus datan kêna pulèh | wus larut-larut bubar sadaya |[40] mantuk mring Majalêngka | Patih Gajahmada sampun | tur uningèng Brawijaya ||

24. yèn wadya ing Maospait | kang tumindak dhatêng Arga | kang kinon ngrusak kadhaton | pan kapalajêng sadaya | mantuk mring Majalêngka | punggawa akathah lampus | ingkang mantuk nandhang brana ||

25. mila wadya lit awingwrin | yèn wangsulêna mring Arga | dening tan amêngsah uwong | lwir mêsah Hyang Suksmanasa | sangking gênturing tapa | dening curiga angamuk | datan amawa sujanma ||

26. anjêngêr sri narapati | gêgêtunira kalintang | wêkasan sira ling alon | mring apatih Gajahmada | hèh patih rèrèhêna | manawa iku ing

--- 163 ---

besuk | kêna suda prabawanya ||

27. sakèhe wong Majapait | wus mulih sowang-sowangan | kawarnaa sang palunggoh | raja pandhita ing arga | sasirnane mungsuhnya | curiga ingkang angamuk | wus wangsul sumèlèh ngarsa ||

28. sarwi sira kuthah gêtih | sarêng susunan tumingal | yèn curiga kuthah gêtèh | agya Susunan ing Arga | sujudnya awangsulan | dhatêng Hyang Suksma kang Agung | muga ta ingapuntêna ||

29. sakèh solah ingkang sisip | kang tan manut ing wêwênang | mugi ngapuntêna kabèh | sigra curiga cinandhak | ri sawusing sujudnya | apan ta sampun tinuruh | ring we kang rudira sirna ||

30. mangkana sakyèh wong Giri | kang katawur sami prapta | wus samya umulèh kabèh | kang jalu wus anèng ngarsa- | nira kangjêng susunan | Sang Natèng Arga gya muwus | mring sakyèhing para sabat ||

31. hèh sakèhe sabat mami | lah padha kita èngêta | ing namane dhuwung ingong | Kalam Munyêng ri namanya | dadya sangking sihing Hyang | apan iki kalam tuhu | ngong bucal mantuk curiga ||

32. lan sakèh sabat ngong Giri | ri mangkya padha èngêta | nêdha apuraning Manon | dening kita kumawawa | wani wong Majalêngka | pan iku jênênging ratu | ayya kaping kalih sira ||

33. sêmana datan winarni | sajênêngira Susunan | ing Arga tan ana malèh | pitênah ingkang tumêka | kang sangking Majalêngka | tulus gèn samya rahayu [rah...]

--- 164 ---

[...ayu] | datan ana kira-kira ||[41]

34. salami datan winarni | sajênêngira Susunan | ing Arga kang winiraos | sasedane jêng susunan | sêmana kang gumantya | anênggih kang wayah jalu | umadêg raja pandhita ||

35. pangèstunipun wong Giri | tan owah kadya kang eyang | kasêbut Sunan Parapèn | tan siwah lawan kang eyang | saulah lampahira | karanya sakyèh wong gunung | samya asih anglêmbana ||

36. mangkana ing lami-lami | kawarnaa Majalêngka | wadya lit wus lumrah kabèh | yèn ana pandhitèng Arga | sampun lama parastra | ing warta sampun misuwur | yèn wayah ri kang gumantya ||

37. sapa mirsaning nrêpati | Brawijaya Majalêngka | yèn uwus lumrah wartane | pandhita ring Giripura | wis lama dènnya lina | kagêntyan ing wayahipun | ing Giri mangkya raharja ||

38. ya ta angartikèng galih | Brawijaya Majalêngka | èngêt cuwane karsane | gènnyarsa anirnakêna | Pandhita Ngargapura | Brawijaya sigra muwus | mring Apatih Gajahmada ||

39. hèh Gajahmada ing mangkin | kita mêpêka punggawa | lawan saha gêgamane | ngong arsa nglêksananana | anirnakkên pandhita | ing Giri kang paksa tinut | ri kang ngrêngkakakên praja ||

40. lan sakèhing suta mami | kabèh samya nitihana | ing tandange punggawa kèh |

--- 165 ---

apatih atur sandika | ring sarèh Brawijaya | datan kawarna ring dalu | enjing pan sampun samêkta ||

41. gumrêrah swaraning janmi | saha sanjata wahana | wus kinon lumaksana ge | tan winarna lampahira | ucapên Sunan Ngarga | apan wus mirsa ing tutur | yèn mangkya wong Majalêngka ||

42. arsa angrabasèng Giri | ri kang suta Brawijaya | anitihi ing palugon | karsane Sang Brawijaya | nirnakêna susunan | mila sangêt gègèripun | wadya lit ing Giripura ||

43. èstrinya têlas angili | angungsi têpi samodra | jalêre siyaga kabèh | wus anêdya sabilulah | mêpêk sagêgamannya | gya prapta wong Majalangu | wus angrampid Giri sira ||

44. sigra manêmpuh sira glis | sakèhe wong Majalêngka | sumahap lir sagara rob | wong Giri sêdya apanggah | ngamuk karoban lawan | dadya giris manahipun | wong Giri mawut sadaya ||

45. Susunan Giri sira glis | lumayua tilar pura | tan apisah lan sawonge | angungsi saloring Arga | gêgisiking samodra | ing Giri pan katun suwung | apan sampun ingobongan ||

46. sakèhe wong Majapait | dahat dènnya ngrusak pura | miwah saprajane kabèh | mangkana sang rajaputra | Maospait sadaya | dhatêngakên karsanipun | arsa nirnakkên sêntana ||

47. tumulya samya lumaris |

--- 166 ---

minggah dhatêng ing satana |[42] arsa dhudhuk jaratan age |[43] kuburira Jêng Susunan | Ngarga kang sampun lina | ika kang arsa dhinudhuk | dhumatêng sang rajaputra ||

48. praptane putra nrêpati | ing astana pan tumingal | wontên wong têngga kubure | kêkalih wong cala ina | pincang dhengkol calanya | karananya têngga kubur | dening tan sagêd lumaywa ||

49. agya kinèn anglêkasi | kang wong andhudhuk jaratan | sigra lumaksana age | kang wong kang andhudhuk jarat | sarêng samya tumandang | sarêng samya ngangkat pacul | sarêng niba gulasahan ||

50. saryya sami mutah gêtih | agya ginantya ngrowangya |[44] sigra mutah gêtih kabèh | sami niba gulasahan | datan wontên tumama | sakyèh wong kang kinèn dhudhuk | sangêt samya ajrihira ||

51. sigra putra nata angling | lah iku kita ataga | andhudhuka têtunggone | wong roro kang tunggu jarat | dhudhuka kang tinêngga | nuli tumandanga gupuh | iku yèn tan nglakonana ||

52. yêkti iku ngong patèni | karya jajalan curiga | kang kinon sangêt ajrihe | tumulya sigra tumandang | wong roro dhudhuk jarat | wus têlas siti dhinudhuk | balabag tutup katingal ||

53. gya balabag binuka glis | mênganing balabag sigra | rikang

--- 167 ---

tawon pambubule | mêtu saking jroning makam | pan apindha jalada | angandhanu munggwing luhur | sumingêb ujwalèng surya ||

54. tan antara manêmpuh ing | ri kang wong Majalêngka |[45] lwir wiyat rêbah swarane | tan kawawa nahanana | sakwèh wong Majalêngka | ri tawon panêmpuhipun | dening lwir siksèng Hyang prapta ||

55. sigra kwèh wong Majapait | palayunya asasaran | angraos rêbat uripe | karananya rêbat agya | mantuk ing Majalêngka | raja putra wus lumayu | samya gya ngrapkên turôngga ||

56. umantuk mring Majapait | tawon tansah pangantubnya | sinuk ing sapalayune | sapraptaning Majalêngka | apan tan saya suda | malah sangsaya ngêndhanu | lwir mêndhung mibu alam ||[46]

57. sigranub manêmpuh aglis | ri sakwèh wong Majalêngka | saha mrajaya ngantupe | sapraja ing Majalêngka | kawibuhan sadaya | kang wong tambuh polahipun | tan kawawa tumahana ||

58. dadya gègère tan sipi | wadyabala Majalêngka | sigra agya palayune | jalu èstri asasaran | myang rare tan kantuna | tanbuh polah sang aprabu | gya bubar saking jro pura ||

59. sawadya dalêm angiring | angili atilar praja | wadya gêng alit myang wadon | ri kang umiring narendra | adoh atilar praja | sawong Majalêngka kawus | ngraos tan mangga puliha ||

60. sapraja ing Maospait [Ma...]

--- 168 ---

[...ospait] | sawiji tan kantun janma | asangêt dènnya suwunge | ri kang tawon sampun musna | mangsul ing Giripura | warnanên wong roro wau | kang kantun têngga astana ||

61. kang datan sagêd lumaris | kang anandhang cêla samya | ri kang cêla pincang dhengkol | kang kinèn dhudhuk satana | dèn putra Majalêngka | ri sawusing dhudhuk kubur | cêlanya wus sami sirna ||

62. wus waluya kadyèng nguni | ri sampuning mêngsah kalah | sirnane tinub ing tawon | sigra wong roro lumaywa | sumusul jêng susunan | asêdya ngaturan mantuk | yèn mêngsahira wus sirna ||

63. kapangguh têpining tasik | unggwan umungsi susunan | sawong ing Giri sakèhe | gumrah nèng pinggir samodra | wong roro ika prapta | sarya sirna inanipun | prapta gya nungkêmi pada ||

64. umatur saha wotsari | wong roro ing jêng susunan | têlas anutur polahe | ri purwa mulya cêlanya | dahat sokur susunan | ing Allah kang Maha Luhur | sêmana wus ingaturan ||

65. umantuka dhatêng Giri | apan ri kang mungsuh sirna | sigra Susunan Parapèn | wus bubar sawadyanira | mantuk ing Giripura | sapraptane prajanipun | ring Giri dadya ra-ara ||

66. tan ana umah kaaksi | satunggil têlas tinonan | sêmana gumyah wartane [warta...]

--- 169 ---

[...ne] | yèn Majapait bêdhah |[47] Brawijaya wus kesah | sawongira datan kantun | suwung nagri Majalêngka ||

67. mangkana kang karya wiwrin | jêngkare Sang Brawijaya | apan tinub dening tawon | sêmana Kangjêng Susunan | Ngarga wus aputusan | mring Maospait angusung | bangsal kang samya lit ika ||

68. binêkta dhatêng ring Giri | pan kinarya padalêman | têtiyang alit pan akèh | mring Majapait samana | samya angalap girya |[48] sakwawa kawawanipun | wus têntrêm wong Giri ika ||

69. nanging Susunan ing Giri | Parapèn tan monasika | mring Majapait bêdhahe | eca gèn nata pemahan | ring tyas sokur ing Suksma | mangkana ingkang winuwus | sang nata kang tilar praja ||

70. Brawijaya Maospait | pan sampun titèng antara | tan ana mobah molahe | Sunan Giri bêdhahira | praja ing Majalêngka | Brawijaya gya umantuk | amangsuli puranira ||

71. ri sampuning lami-lami | Brawijaya Majalêngka | tan karsa sikara malèh | mring Susunan Giripura | eca gènnya mong karsa | anulus jênênging ratu | dènnya ngrèh ing nusya Jawa ||

72. mangkana Susunan Giri | eca dènira mong lampah | têtêp kêkah agamane | sangsaya gêng jumungahnya | tan ketang apitênah | pan tulus arja rahayu | ri kang praja Giripura ||

73. tan winarna laminèki | nagara [naga...]

--- 170 ---

[...ra] ing Majalêngka | ri saarjanipun malèh | jênêngira Brawijaya | tulus amangun suka | mangkana èngêt ing sunu | kang tinanêm ing Bintara ||

74. ya ta kawarnaa enjing | Brawijaya Majalêngka | sêmana pan lagi miyos | pinarêk ing pagêlaran | pêpêk kang para putra | para punggawa supênuh | angandika Brawijaya ||

75. maring ing Trêrung Dipati | kaya priye kakangira | alami têmên ngong antos | iya silih dumèh apa | mêngko têka tan seba | marang kutha Majalangu | ing mêngko wus tigang warsa ||

76. ri kang ubaya ring mami | kakang kita ring Bintara | pan sabên taun ature | aseba ring Majalêngka | ing mêngko wus alama | nora aseba maringsun | kaya silah yèn lalia ||

77. apan mêngko wus amukti | ri kakangnya nèng Bintara | dahat laline maringong | kalinganing kawibawan | tan emut ing sudarma | baya silih lagi wuru | tan nimbangi trêsnaningwang ||

78. lah sira sun utus aglis | kakangira ucapêna | sira lumakua dhewe | dumèh apa kakangira | lawas nora aseba | ya ta Adipati Trêrung | tur sêmbah lèngsèr ring ngarsa ||

79. bubar dènira tinangkil | Brawijaya Majalêngka | ya ta ri kang winiraos | kang dinuta mring Bintara | ingiring wong salêksa | sira

--- 171 ---

Dipati ing Trêrung | datan kawarna ing marga ||

80. Ing Bintara sampun prapti | apanggih lawan kang raka | sampun atata linggihe | Dipati Trêrung turira | mara ring kakangira | kawula iki ingutus | dhatêng rama kita nata ||

81. Brawijaya Maospait | inggih kinèn ngucapna |[49] mring kakang apa milane | alami datan aseba | maring ing Majalêngka | rama andika Sang Prabu | kalangkung angarsa-arsa ||

82. kathah putra sri bupati | tan wontên kadya andika | Brawijaya trêsna sihe | dina ratri tansèng ngucap | anggunggung kita kakang | malah têkèng salah wuwus | gènnyarsa panggih lan dika ||

83. Dipati ing Bintara ngling | môngsa borong sang narendra | pan ratu têrus tingale | Brawijaya Majalêngka | sidik kang pangandika | iya sosiking tyas ingsun | môngsa tan wus kawêngkua ||

84. milane manira iki | adhêdhukuh ing Bintara | iya sangking pangèstune | rama prabu Brawijaya | trêsnane marang ringwang | malah ginawanan ingsun | mring Bintara wong salêksa ||

85. mêngko wus dadi nagari | padhukuhan ing Bintara | iyasa ing pangèstune | manira darma lumampah | apan sampun binatang | ing Bintara ana ratu | wiwitane wong Isêlam ||

86. Majapait ratu kapir | langkung asih mring wong Islam | kalangkung palamartane [palamar...]

--- 172 ---

[...tane] | angapura ing adosa | tur adil palamarta | ingêring jagad wus wêruh | Brawijaya Majalêngka ||

87. mila ingsun tan anangkil | tan wênang ujaring sarak | lamun wong Sêlam mêngkene | aseba marang wong kopar | balik yèn angrusaka | wong Sêlam winênang iku | angrusak marang wong kopar ||

88. yèn matia pêrang sabil | apan ta olih ganjaran | lawan ta yayi maninge | ingsun ajrih ing Pangeran | kalamon kalakona | aseba ing Majalangu | dening iku ratu kopar ||

89. Dipati Trêrung turnya ris | kakang rikang kados dika | umêndhêk sangsaya tinon | aling-alingana tawang | apan sampun kacakra | yèn kita malik ing ratu | môngsa borong sang narendra ||

90. awak kawula puniki | yèn dika tan kabêktaa | dhatêng ing ulun têmahe | pasthi ulun pinatenan | dera Sang Brawijaya | tinarka yèn sabiyantu | ulun lawan kita kakang ||

91. nanging ring mangkya tur mami | aywa tanggêl ri kang lampah | cing cing têlês ring têngahe | kalamon andika karsa | ambêdhah Majalêngka | lêhêng kakang sampun tanggung | kakang arêmbag kawula ||

92. lah linêkasan tumuli | kawula angrencangana | Majapait ngong gêcêke | sampun atanggung ring lampah | pan tiyang Majalêngka | lêhêng kakang sampun [sampu...]

--- 173 ---

[...n] tanggung | kakang arêmbag kawula ||

93. lah linêkasan tumuli | kawula angrencangana | Majapait ngong gêcêke | sampuna tanggung ring lampah | pan tiyang Majalêngka | tan ana darbe wadya gung | lyan ulun lan kikakakang ||[50]

94. sayêkti yèn samya balik | yèn kawula darbe karsa | kakangya[51] ris dêlinge |[52] adhuh ariningong êmas | èngêt-èngêt yèn kadang | bwat ingwang darbe sadulur | angrowangi lara pêjah ||

95. datan kawarna ring nguni | mangkana wus ingutusan | ri kang bôngsa Sêlam kabèh | akumpul anèng Bintara | saha gêgamanira | sumrêk kang bala gumuruh | gêgaman tanpa wilangan ||

96. arsa bêdhah Majapait | samêktanirèng ayuda | apan sampun pêpak kabèh | sawarnaning bôngsa Islam | pêpêk anèng Bintara | mangkana ri sadyanipun | aprang sabil tan mundura ||

17. Durma

1. Arya Teja ing Tuban nagaranira | apan wus sami prapti | kumpul ing Bintara | saha gêgamanira | punika kang Sêlam manjing | maring Susunan | ing Ngampèl lan ing Giri ||

2. ing Madura bupatinya ri kang Sêlam | aran Arya Baribin | wus kumpul Bintara | saha gêgamanira | sasamaktaning ajurit | lan malih prapta | Surabaya Dipati ||

3. sampun prapta ing wau sabalanira | sagêgamaning jurit | akumpul Bintara | Susunan [Susuna...]

--- 174 ---

[...n] Ngampèldênta | ring nguni ika wus prapti | anèng Bintara | miwah Susunan Giri ||

4. raja pandhita samana sampun prapta | nagarane Garêsik | pan sadhèrèkira | Susunan Ngampèldênta | pêpakan kang para wali | sami arêmbagan |[53] miwah kang para mukmin ||

5. ri sampuning arêmbag sira gya bubar | mring kitha Majapait | gêgam sumahab |[54] lwir kang robing samodra | ing Majapait wus prapti | gègèr puyêngan | ri kang wong sanagari ||

6. ing Majapait apan sampun kinêpang | wadya kathah kang balik | Dipati Bintara | kalawan arinira | kori lor kang dèn lêbêti | wus manjing kitha | wadya mulat awingwrin ||

7. susunan Ngampèl lawan raja pandhita | anèng kilèn mêgati | para wali kang lyan | wontên wetaning kitha | saha bala amêgati | Ki Arya Teja | lawan Arya Baribin ||

8. barisira anèng sakiduling kitha | saha bala ngajrihi | Dipati Bintara | kang lumêbêt ing kitha | akalihan lan kang rayi | wong Majalêngka | apan sampun ambalik ||

9. ing alun-alun ika pan sampun prapta | têtiyang Majapait | tan ana sawala | Adipati Bintara | ing pagêlaran alinggih | ing kathil dênta | ingayab ing prajurit ||

10. Gajahmada wus lumêbêt [lu...]

--- 175 ---

[...mêbêt] ing jro pura | matur dhatêng sang aji | sira Brawijaya | matur Ki Gajahmada | mêngsah tuwan sampun prapti | kitha kakêpang | têtiyang Majapait ||

11. apan sampun sami ambalik sadaya | suta tuwan dewaji | Dipati Bintara | wontên ing pagêlaran | siniwi ing para mantri | wong Majalêngka | apan dahat awingwrin ||

12. sigra mojar Brawijaya Majalêngka | sokur suta ngong prapti | Dipati Bintara | lah payo patih agya | minggah palatar kang nginggil | ngong arsa mulat | ri sutangong dipati ||

13. iya apatih dahat ing kangên ingwang | de ngong lawas tan panggih | sang nata wus minggah | wau munggwing talatar | sapandulon wus kaaksi | lan atmajanya | nulya gya sri bupati ||

14. sampun merad Brawijaya Majalêngka | saha patih tan kari | miwah sawongira | ri kang bêkti narendra | wus suwung ring dalêm puri | gurnitanira | dening kagiri-giri ||

15. kadya andaru swarane janma merad | tumiba ing jaladri | kadya binaranang | wau ri kang jro kitha | cahya musna saking puri | tibèng Bintara | swarane angajrihi ||

16. kadi guntur sawanèh pan kadi gêlap | wong Bintara awingwrin | anarka kiyamat | dening swara lwir bêntar | kadi langit manangkêbi | wanèh kantaka | langkung dening [de...]

--- 176 ---

[...ning] awingrin ||

17. Adipati Bintara lumêbèng pura | ing jro pura asêpi | sampun samya merad | tumut mring Brawijaya | anjêngêr tan kêna angling | ki adipatya | anangis jroning ati ||

18. pan karaos ing tyas yèn ayogyèng sira | ya ta sang Adipati | Bintara wus mêdal | undhang sakyèhing bala | mangkana wus bubar mulih | maring Bintara | ing marga tan winarni ||

19. sampun prapta nagaranira Bintara | dyan kawarnaa malih | Dipati Bintara | pan lagi pagunêman | kalawan kang para mukmin | sami pêpêkan | miwah kang para wali ||

20. angandika Susunan ing Ngampeldênta | putu ngong ki dipati | wus madêka nata | iya ing tanah Jawa | pan sira kang duwe waris | kutha ing Dêmak | iku kaki prayogi ||

21. alon matur Susunan ing Giripura | punika yèn suwawi | inggih sinaratan | adêge wayah tuwan | sampun nilas ratu kapir | amba madêga | inggih kawan dasa ri ||

22. sami rêmbag susunan Giri ingastrenan |[55] umadêg narapati | mêngku nusa Jawa | milane apêparab | Susunan Ratu ing Giri | ing sawusira | antuk kawan dasa ri ||

23. pakupulan[56] malih kang para oliya | tuwin kang para mukmin | miwah pra dipatya | Sunan Ampèl ngandika | lah mara Ki Jêbèng Giri |

--- 177 ---

para adêgna | sutanta ki dipati ||

24. nulya angandika marang ki dipatya | Susunan Ratu ing Giri |[57] hèh ki adipatya | lah sira tampanana | umadêga narapati | ing tanah Jawa | sira gantyaning mami ||

25. murwanana sira ratu mangun Islam | namaa Senapati | Jimbun Ngabdirahman |[58] Panêmbahan Palembang | Sayidin Panatagami | pamurwadinan | ing sarak Kangjêng Nati ||[59]

26. angèstrèni kang para wali sadaya | miwah kang pra dipati | ngèstokkên sadaya | yèn Sinuhun Bintara | umadêg Panatagami | atunggul iman | mangun sarak ing nabi ||

27. akêkitha ing Awanti bumi Dêmak | mila kang para wali | Sunan Ngampèldênta | masiyati Bèntara | têgêse bèn angêlêti | ing tanah Jawa | Buda lan sarak nabi ||

28. wus pramana adêge natèng Bintara | kang kinarya pêpatih | nêgih sutanira | sabat ing Ngampèldênta | wong sangking ing Ngatasangin | Ki Wanapala | apan purwaning nguni ||

29. milya têtaruka maring Radèn Patah | bêbakale rumiyin | makya[60] sutanira | Ki Gêdhe Wanapala | ingadêgakên pêpatih | patih Mangkurat | kang angrèh pra dipati ||

30. wicaksana sira Ki Patih Mangkurat | suyut ing nusa Jawi | mêmangun agama | sarak Jêng Rasululah | tabèk sang nayakèng

--- 178 ---

bumi | pratingkahira | ingkang winuri-wuri ||

31. sampun sirna satata lakuning Buda | mung rèh agama nabi | tabèk sapratingkah | ing sang nayakèng jagat | tan wontên sumêlang kapti | suyud sadaya | amung kang nêdya mungkir ||

32. ajar-ajar nanging sami kapalajar | sumingkir wukir-wukir | yèn wong praja-praja | padêdesan wus prapta | kayungyun sanusa Jawi | rahab angrêbda | kawuryan ing mêmanis ||

18. Dhandhanggula

1. Sêmanarsa rêmbag karya masjid | tumulya ge rakit padandanan | sakwèhing oliya kabèh | bêbah-bêbahan sampun | akarya sêsakaning masjid | amung Ki Sèh Malaya | pijêr among laku | ya Pangeran Kalijaga | atirakat ana ing Parangtaritis | iya ing Pamantingan ||

2. ri sampuning pangrangkining masjid | saha dandanan sampun samakta | amung kantun pangadêge | gya tumulya umatur | Susunan ing Gêgêsêng kalih | Susunan Wuryapada | dhatêng Sang Sinuhun | Kajêng Susunan ing Bonang | tur uninga yyan karya masjid wus dadi | kantun adêg kewala ||

3. amung Ki Sèh Malaya ing mangkin | kang dèrèng wontên sabêbahanya | lah punapèng karsa mangke | Sunan Bonang gya muwus | apan ayya rinasan ugi | iya

--- 179 ---

kang ora ana | sipate dinulu | apan wis darbe bêbahan | kang tan ana môngsa ta nora pinanggih | Ki Jêbèng Kalijaga ||

4. tan antara Sèh Malaya prapti | sampun cundhuk lan Susunan Bonang | Susunan Bonang dan linge | lah jêbèng kita kantun | ring bêbahan kita ing kardi | Susunan Kalijaga | aris aturipun | inggih nuhun panêmbahan | sapakantuk pakantuk kantuning kardi | môngsa tan kasêsaa ||

5. sigra Ki Sèh Malaya nulya glis | tatal rêrimbasaning ngakathah | ika kinalêmpêkake | ri sampuning ngalumpuk | tinata tinangsulan aglis | kadya karya bor ika | dènira yun-uyun | linging kathah kang tan wikan | pan mangkana lah Ki Sèh Malaya iki | kaya apa karsanya ||

6. dening kang bubuhan dahat kari | têka munduran asalah karya | pijêr nangsuli tatale | apan ta iki sampun | amung kari sadina mangkin | karsane panêmbahan | ngadêg besuk-besuk | dupi ring dalune ika | punang tatal wau ingkang dèn tangsuli | sampun dados sêsaka ||

7. ya ta enjing sigra dèn lêkasi | masjid ingadêgakên sêmana | tanggal pisan pangadêge | anuju sasinipun | Dulkangidah ing taun Alip | pan kawan dasa dina | lamine sinêmbut | rikala pangadêgira [pangadê...]

--- 180 ---

[...gira] | sinangkalan kari roro karyèng janmi |[61] kang pradongdi kibêlat ||

8. parêbatan ingkang para wali | adhêping kiblat ing aturira | sawawi ngiwas angalèr | sawênèh ngiwas ngidul | aturira mring sang ayogi | Sunan Bonang ngandika | ewuh pikir ingsun | dening sanak-sanak ingwang | sami rêbat kaemutane pribadi | tanbuh kang ingagea ||[62]

9. dening sawênèh ana kang eling | kapara ngalèr ing aturira | kibêlat iki adhêpe | wanèh kaparèng ngidul | lawan sipating kakbah mangkin | dadya iku ingaran | tan sarèh ing kawruh | lah ki jêbèng Kalijaga | kayaparan pikirira ingong tari | Sunan Lèpèn turira ||

10. lêhêng niyêktosakên kariyin | dados tan uwas galih sampeyan | atur kawula yèn kangge | Sunan Bonang lingnya rum | iya bênêr pakênirèki | dadya tan was-was ring tyas | Sunan Lèpèn matur | lah suwawi panêmbahan | mangke dalu kayêktosêna dèn yêkti | nuntên ing dalunira ||

11. sigra anuli dipun yêktosi | apan sarêng wanci bakda ngisa | Susunan Lèpèn nulya ge | ngadêg lèr masjid sampun | ri kang asta têngên anuli | angawe ring kang kakbah | dening astanipun |

--- 181 ---

ri kang kiwa gya anyandhak | sirah gadaning masjid saha tyas êning | gya tumiyung kang kakbah ||

12. sampun ginêthukakên tumuli | masjid ing Dêmak kalayan kakbah | wus ingaturakên age | mring Sunan Bonang wau | agya samya kinèn ningali | sagunging aoliya | mawas kiblat sampun | samya eca manahira | ya ta nuli samya malêbêt ing masjid | samya arêrêmbagan ||

13. ingkang rinêmbag badhe sarambi | wontên dene rêmbaging ngakathah | tan wontên yogyane malèh | amung pasowanipun | kang pajêksan ing Maospait | alah damêl rêmbagnya | tumulya ingusung | mangkana sampuning dadya | kang sarambi Susunan Bonang apikir | ngrêmbag kang dados iman ||

14. sagung uliya sami tinari | dhatêng ing Kangjêng Susunan Bonang | kabèh mangkana ature | sayogya jêng sinuhun | ngimanana ngulun puniki | Sunan Bonang ngandika | boya arsa ingsun | yèn ingsun dadia iman | dadi kêtib asaos ingsun ênggoni | nuntên Ki Sèh Malaya ||

15. apan Susunan Lèpèn amilih | dadya marêbot ri karsanira | Susunan Bonang dan linge | iya ki jêbèng Kudus | yèn mangkono ingkang ngong tuding | dadya pangulu sira | Susunan ing Kudus | ature dhatêng sandika [sa...]

--- 182 ---

[...ndika] | tan suwala ing saparentah sang yogi | ri sampuning mangkana ||

16. apan kacatur kang para wali | sampun ing antara sajumungah | nuju ing ngasar wêktune | anèng ing masjid wau | para wali sami adikir | mung Sunan Kalijaga | kang moncot gènipun | lan sabatipun kewala | kang anama Luwung Salawe satunggil | kalih Ki Wanakarta ||

17. katiga guru Jêng Sunan Kali | sami anyikruk palênggahira | sasoring bêdhug prênahe | datan antara wau | wontên ingkang tiba sing nginggil | têngah para oliya | samya kagèt dulu | dupi sami tiningalan | warni kalih ulês-ulês kang satunggil | kalih kang ingulêsan ||

18. wontên dene ingkang dèn ulêsi | ciri êsale Jêng Rasulolah | kang ulês-ulês cirine | pasujudan Jêng Rasul- | lulah salalahu ngalèhi | wasalam nanging arupa |[63] kuliting wêdhus |[64] môngka sami matur sira | mring Susunan Bonang kalamon sawawi | lan karsa Jêng Susunan ||

19. suwawi lêhêng sami binagi | nadyan kaduman sanyari sowang | dadosa babrêkatane | dening tilas puniku | kang sarira ing Kangjêng Nabi | kèndêl Susunan Bonang | sakêdhap tan muwus | wêkasan nulya ngandika | Sunan [Suna...]

--- 183 ---

[...n] Bonang watara manira iki | ana kang duwe ika ||

20. pan nênêdha maring ing Hyang Widi | tinarima dènira Hyang Suksma | yèn ing karsaningong mangke | prayogane tyas ingsun | sun pasanggirèkakên mangkin | sun ambulakên ika | dene mêngko iku | karuwan kang ênênêdha | êndi mêngko iya ri kang dèn ênggoni | iku kang duwe ika ||

21. apan sadaya sami angrêmbagi |[65] Sèh Malaya pan nora ingucap | maksih anyikruk lungguhe | mêmoncot prênahipun | lawan sabatira kêkalih | sigra Susunan Bonang | angumbulkên sampun | têtiban wau punika | ya ta nulya cumalorot gya umanjing | sarira Sèh Malaya ||

22. ulês-ulês tiba ring pangkoning | Ki Sèh Malaya kala sêmana | kagyat sahya anjanggèlèk | duk tiningalan wau | yèn rasukan ri kang umanjing | ing sarira sêmana | kang tiba ing pangkun | sinabukkakên saksana | samya cingak sagunging kang para wali | nuntên Ki Sèh Malaya ||

23. ingandikan maju mring sang yogi | sapraptane samya jawat tangan | mangkana ri sasampune | ya ta ingkang winuwus | Jêng Susunan Lèpèn nulya glis | angaluwat laminya | kawan dasa dalu | sawontêning jro kaluwat | pandamêle samana

--- 184 ---

ta Kyai Gundhil | sabên manjing domira ||

24. anêbut lafal ilaha nênggih | panêndhal nêbut lafal ilalah | mangkana ing pandamêle | samana sang sinuhun | Sunan Bonang ika murugi | lingya damêl punapa | lah ki jêbèng iku | ature Ki Sèh Malaya | inggih ulês-ulês punaka[66] rumiyin | ulun damêl rasukan ||

25. mila kawula damêl kulambi | pukulun ulês-ulês punika | mênawi pinarêng têmbe | dados gèn-anggènipun | kang bêkêli ing tanah Jawi | Sunan Bonang ngandika | iya bênêr iku | ki jêbèng ing karsanira | ri sampuning kawan dasa dintên nuli | mêntas Ki Sèh Malaya ||

26. punang rasukan sampuning dadi | pan tan pinaringakên samana | mring Sunan Dêmak jênênge | miwah duk jênêngipun | Sultan Pajang ya tan pinaring | dhatêng kèndêl kewala | Sunan Lèpèn wau | mangkana ing lama-lama | nagri Dêmak arja jênênging nrêpati | purwaning gama Islam ||

27. dyan warnanên wau sang pinundhi | Susunan Bonang kala sêmana | mantuk mring padhêkahane | tan kawarna ing ênu | Sunan Bonang pan sampun prapti | nênggih dhêkah ing Bonang | kang asunya samun | sêmana Susunan Bonang | kala anèng patapan karsanirèki [karsa...]

--- 185 ---

[...nirèki] | ayasa pasunatan ||

28. sigra Sunan Bonang animbali | pandhe adi giryane ing Tuban | Ki Suratika wastane | pan Ki Sura puniku | nênggih sutaning pandhe adi | Ki Supa namanira | griyane Sidayu | sêmana wus praptèng ngarsa | kae Sura wus ingacaran ling aris | mring Sinuhun ing Bonang ||

29. hèh Ki Sura kita ngong timbali | ingong karyakêna pasunatan | ingkang amantêp êmpane | nanging kang ingsun jaluk | krana Allahira sayêkti | ayya kita sak ing tyas | iya dèn jumurung | karyanira mara ringwang | kae Sura aturira saha bikti |[67] Sunan sampun mangkana ||

30. apan sadèrèng tuwan nimbali | dhatêng pun Sura apan pun Sura | wus sumadya naosake | ring sapakaryanipun | mring Susunan jumurung yêkti | sapakantuking mudha | tan sawalèng kayun | pangraosipun pun Sura | kinarsakkên sakarsanya sang ayogi | rahmatulah tumêdhak ||

31. sigra Sunan Bonang ngasta êcis | pinatêdhakakên mring Ki Sura | mangkana pangandikane | lah iki êcis ingsun | kang arsa sun jalukkên kardi | iya marang ing sira | lah tugêlên iku | dèn alêrês panugêlnya | kang ing pucuk sira karyaa tumuli | kang yoga kanggoningwang ||

32. wus tinugêl sêmana [sêma...]

--- 186 ---

[...na] kang êcis | gya kinarya dhumatêng Ki Sura | tan winarna panggawene | kang pasunatan wau | sampun dados awarni krêris | dhapuripun sangkêlat | mangkana wus katur | dhumatêng Susunan Bonang | kagyat ing tyas Susunan ningali krêris | dening dhapur sangkêlat ||

33. duk tinampan kang dhuwung aririh | mring Jêng Susunan sarya ngandika | Ki Sura wruhanya kiye | tan patut kanggya ring sun | wruhanira lah iki benjing | kang layak anganggea | kang jumeneng ratu | kang angrèh ing tanah Jawa | alah uwis ingsun karyakêna malih | kang patut pasunatan ||

34. bongkote iki karyanên malih | aywa kaya kang wus kalampahan | iya gonira agawe | dèn pasunatan mungguh | kae Sura sigra nampani | bongkoting cis kinarya | malih kajêngipun | Ki Sura kang pasunatan | dhapur lêrês winastanan Pasopati | ri sampunira dadya ||

35. ya ta ingaturakên tumuli | mring Sunan Bonang kang pasunatan | ingasta winangwang age | dhatêng ing Sang Hyang Wiku | angartika ring tyas sang yogi | iki iya tan yogya | kagêma mring ingsun | Sinuhun Bonang ngandika | mring Ki Sura iki lêwih bêcik malih | Ki Sura wruhanira ||

--- 187 ---

36. apan iki tambuh kang pinilih | kalayan dhimin kang uwus dadya | amung liya dhapur bae | padha dene tan patut | yèn kanggoa mara ring kami | pan iki iya tunggal | kang ngangge ing besuk | iya kang bêkêli Jawa | wruhanira Ki Sura apan wus pasthi | ingsun darma ayasa ||

37. iya uwis muliha sirèki | lah Ki Sura iya ngong tarima | pakaryanira sakèhe | iya kang mara ring sun | nanging sira dèn rêna ngati | sukura ing Hyang Suksma | barang karya iku | Ki Sura atur sandika | angèstokkên saandika sang pinundhi | Ki Sura gya tur sêmbah ||

38. sampun amit Ki Sura gya mulih | tan kawarnèng arga praptèng Tuban | samana kandhane malèh | Ki Sura sawusipun | anglampahi êrèh sang yogi | akarya pasunatan | êcis Sang Sinuhun | dadya kalih pasunatan | kang ing pucuk dadya satunggil kinardi | dhapuripun sangkêlat ||

39. sarêng kantun bongkot cis kinardi | pasunatan pan dados satunggal | pasopati ing dhapure | sawusipun puniku | praptèng griya Ki Sura sakit | maripat sakitira | tan wruh tingalipun | apan purwane sêmana | kae Sura tan apandhe dhuwung malih | sangking tan wruh tingalnya ||

40. Susunan Bonang kawarna malih | apan kalanira atirakat | mring wana pacangkramane | samana duk kadulu | tunggak jati têpining warih | garowong [garo...]

--- 188 ---

[...wong] têngahira | katuwuhan êlung | lunging pakis katingalan | pan tumuwuh tumèmpèl ing tunggak jati | ing ngandhap angrêmbaka ||

41. êlunging wit kang agêng nyurup ing | garowong tunggak jatos punika | tumuwuh munggwing nginggile | dinulu ting prakênuk | Sunan Bonang ngartikèng galih | punang tunggak cinipta | rineka ing kalbu | paworing lung pakis ika | lawan tunggak karsanira sang ayogi | kinarya pasikêpan ||

42. Sunan Bonang sêmana gya mulih | mring patapannya dhêkah ing Bonang | sapraptane gya ginawe | kang pasikêpan wau | panêpane tunggaking jati | ika kang katuwuhan | ing pakis lungipun | nanging karsanya Susunan | pan kinarya pasikêpan pangot nênggih | ri sampunira dadya ||

43. gya sinawang-sawang ring sang yogi | tuhu tan sêmbada inganggea | gêgaran munggwing pangote | ya ta ngartikèng kalbu | Sunan Bonang mangkana ugi | iki iya tan layak | kangge pangot ingsun | iki sêmbadane iya | yèn kanggea pasunataningsun kalih | gènnya karya Ki Sura ||

44. sêmana sampun karya kêkalih | pasikêpan Sinuhun ing Bonang | sinami kir-ukirane | tan siwah patutipun | miwah warni datan kêkalih | sampun sami pinacak | tumrap munggwing dhuwung | pasunatan [pasunata...]

--- 189 ---

[...n] kalih ika | duk sêmana karsanira sang ayogi | arsa salat mring Dêmak ||

45. tan kawarna lampahirèng margi | Sunan Bonang wus prapta ing Dêmak | wêktu Jumungah farlune | sampuning salat tutug | bakda salat samya alinggih | lawan para uliya | Sunan Kudus matur | dhumatêng Susunan Bonang | panêmbahan mila tan amawi êcis | rawuh tuwan punika ||

46. Sunan Bonang sigra dènnya angling | hèh ki jêbèng Kudus wruhanira | êcis ingsun wus sun gawe | ya pasunatan ingsun | ingsun karya dadi kêkalih | pucuke pan kinarya | dhapuripun êluk | ingaran dhapur sangkêlat | sun wêntara nora patut ngong kang mangking | ingkang kari bongkotnya ||

47. nuli bongkot sun kon karya malih | pasunatan kanggya maringwang |[68] ya ta anuli ginawe | bênêring dhapuripun | ingaran dhapur pasopati | anuli ingsun sawang | iya nora patut | yèn ingsun kang anganggoa | karo pisan kang patut nganggoa benjing | kang ambêkêli Jawa ||

48. iya kang manira gawa iki | gon manira gawe kang wêkasan | bongkoting êcis dadine | iki pan dhapuripun | ingaranan marang kang kardi | pasopati dhapurnya | puniki yèn kontung | manira gawe wasiyat | inganggea kang bêkêli tanah Jawi | ing sapungkur [sa...]

--- 190 ---

[...pungkur] manira ||

49. Sunan Kudus sigra matur aris | panêmbahan yèn sêmbadèng karsa | ulun nuhun pangèstune | ing kangjêng sang sinuhun | wênangêna ulun mêmuri | pakaryan panêmbahan | kawularsa tumut | anjênêngakên wasiyat | pasunatan nêpaa kang pasopati | dhapur kang sampun dadya ||

50. Sunan Bonang nêdhakakên aglis | pasunatan anulya tinampan | mring Sunan Kudus sira ge | sampun binêkta mantuk | gya Ki Janas kinèn akardi | nêpa kang pasunatan- | nira Jêng Sinuhun | ing Bonang kang pasopatya | gya kinarya maring Ki Janas tumuli | tan kawarna wus dadya ||

51. wusing dadya ngaturakên aglis | mring Susunan Kudus wus tinampan | tinêpa myang ukirane | kang pasunatan wau | Sunan Kudus mintar tumuli | dhatêng ing nagri Dêmak | anuju ing waktu | Jumungah kala sêmana | Sunan Bonang kapanggih pinarêk masjid | sami salat Jumungah ||

52. wusing bakda salat samya linggih | myang Susunan Bonang wus alênggah | lan para uliya kabèh | sigra Susunan Kudus | wus angaturakên tumuli | wau ingkang tinêpa | pasunatanipun | Sunan Bonang wus tinampan | myang ênggènnya anjênêngakên wus dadi | Sunan Kudus gya mojar ||

53. aturira dhatêng

--- 191 ---

sang ayogi | panêmbahan ulun nuhun duka | dipun agêng apuntêne | de ulun kumapurun | amêmikan karsa sang yogi | anêpa kang ukiran | kang tumrap ing dhuwung | pasunatan kang katêpa | mila purun kawula rêmên ningali | dening langkung prayoga ||

54. apan kalangkung anêmbadani | layan dhapuripun kang katrapan | sampun tan kenging winancèn | miwah ing sêmunipun | pan kawula dèrèng ningali | ingkang kadya punika | lyan saking sinuhun | ing pundi angsal anêpa | Sunan Bonang ngandika sung warta yêkti | dhatêng para uliya ||

55. hèh sakèhe ri samitra mami | wruhan pakanira iki uga | gon manira ngreka dhewe | dene ing milanipun | duk manira amangun brangti | atirakat mring wana | manira andulu | tunggak jati siring toya | gêrowonge katuwuhan lunging pangkis |[69] ingkang manira têpa ||

56. karsa manira iku ing nguni | arsa manira karya gêgaran | ing pangot manira bae | nanging ta boya patut | ngong tingali sawusing dadi | malah lêwih prayoga | kanggea ing dhuwung | pasunatan kalih ika | ngong arani ukiran tunggak sinêmi | de reka sangking tunggak ||

57. wus pasthining hyang puniki benjing | kanggenya mring kang bêkêli Jawa | tan wênang singa angangge | lyan na jinising ratu | kang wus sinung anama mantri | lan kang

--- 192 ---

antuk wêwênang- | ira sang amêngku | iku wênang kang nganggea | wus ingèstrèn sagung para uliya di | Sunan Bonang dikanya ||

58. riwusing mangkana tan winarni | kang kocapa Kyagêng Tarub ika | Lêmbu Pêtêng tanayane | pasihane kalangkung | Kyai Agêng ing Tarub kadi | putra gèning ayoga | Ki Agêng ing Tarub | gènira angangkên putra | dhatêng Radèn Lêmbu Pêtêng langkung asih | dènnya amrih dadosan ||

59. dhasar atapa tingalnya sidik | apan uwus wruh ingêring jagat | apan tan samar tingale | karananya lêstantun | sapolahnya wus antuk wisik | wus yaktining utama | Ki Agêng ing Tarub | ring wau sang rajaputra | sapolahnya ika kang tansah winisik | dyan Lêmbu Pêtêng ika ||

60. rahadyan langkung anuhun kang sih | tan lênggana ring sakarsèng rama | anglampahi ing sarèhe | wus umangsud angguru | Radèn Lêmbu Pêtêng anênggih | gèning apurahita[70] | mring Kyai Gêng ing Tarub |[71] ri kang akèn mangun tapa | kasabipun agaga lawan sêsabin | warananing atapa ||

61. Radèn Lêmbu Pêtêng kang winarni | sadina-dina saba pagagan | anênandur sarêmêne | akyèh ri kang tinandur | ing pagagan dinulu asri | apan mawa kiriman | mantuk-mantuk dalu | lagya karêm saba têgal | pangandikaning guru kang dèn lampahi [la...]

--- 193 ---

[...mpahi] | sabên dina mangkana ||

62. dyan warnanên Ni Rara Nawangsih | umadhêp ing birai panganggya | pasang saulah lakune | sangsaya lêwih ayu | lan ibunya tatar kêkalih | lwir satu myang rimbagan | warnanya dinulu | apan lagya turun pisan | Anawangsih lan ibunya widadari | bapane amanusya ||

63. sangsaya umadhêp ing birai | dening kadya gambar wêwangunan | sapa tumandhing warnane | yèn kinawiyèng tutur | lêwih warna kirang ing kawi | tan ana winaonan | guruning wong ayu | sariranya sor parada | sapolahe liringnya tuhu sung brangti | tansah karya wigna ||[72]

64. Ki Agêng Tarub sigra ngling aris | lah kirimên babo kakangira | mêngko wis awan wayahe | sang rêtna yu mintuhu | gya adandan Rara Nawangsih | lawan sagêgawannya | wus anggendhong sumbul | sarta lan ulame pisan | ri kang asta kiwa saha nyangking kêndhi | ri kang têngên pawohan ||

65. kawarnaa ri kang anèng têgil | Rahadèn Lêmbu Pêtêng umulat | ring ari ika dhatênge | nulya mêntas agupuh | gya gêgawannya dèn tampani | pawohan wus tinampan | de kang raka sampun | kacêkêl astane kiwa | ariningra rêngu ing tyas saha ngliring | wong iki tan pasaja ||

66. Ngong rasèng tyas panyêkêle iki | si kakang owah kalawan saba |[73]

--- 194 ---

dening têka kadingarèn | anyêkêl astaningsun | têka nora dèn culkên tulih | tingale nara sêdya | tan anduga ingsun | kadya kang wong darbe karsa | pan tan ana wong duwe sadulur èstri | bulah si wong liyaa ||

67. panyêkêle têka agumati | dede panyêkêling wong kêkadang | kaya ta ana karsane | sang dyah dahat arêngu | jronya ring tyas asêmu runtik | pan katarèng ing nêtya | alis dahat putung | nanging aruming wacana | pa gènira kakang pati cêcêkêli | inggih wontên punapa ||

68. dene têka angowahi banggi | manira kakang boya kaduga | apa ta awuru gênje | mara durung angrungu | wong adarbe sadulur èstri | tingkahe kaya para | nora angon sêmu | kaya wong mêdêm[74] waragang | sasar susur têka pati gêgapèni | pa gene kakang sira ||

69. Radèn Lêmbu Pêtêng gya nauri | sabda arum anglir gula drawa | adhuh ariningsun agèr | ayya runtik wong ayu | wus wiyahe yayi ngaurip | apaguywan pranesan | wong duwe sadulur | ana sêsikune apa | wong kêkadang kadar ta sêdya punapi | wong duwe saudara ||

70. ya ta kakange dèn paleroki | mandah silih kita wanodyaa | dene akathah

--- 195 ---

gandêse | apan paningal iku | iya tingal têrusing ati | duk anyêkêli asta | ngong wawrat ing kalbu | dudu panyêkêling sanak | lan maninge sangsaya angatarani | tingal anara sêdya ||

71. salingira bisa amèt sandi | basanya ana pawong kêkadang | pranèsan uwus wayahe | pan iku nora patut | tiningalan bulah duk alit | pan mangke wus diwasa | marmine tan patut | sanggup pangra[75] apranesan | ngong wêtara sigug para wus udani | ing dêduga prayoga ||

72. Radèn Lêmbu Pêtêng anauri | ingsun wau duk nyêkêl ing sira | apan ta ingsun kalalèn | saking gugup kaliru | tuna dungkap pan ingsun gipih | nadyan tanggap pawohan | tuna dungkap wau | kaliru anyêkêl tangan | apuranên sangking gugup ingsun yayi | pan nora sun têmaha ||

73. sang dyah angling kakehan kêkêlir | sajatine dhasar dèn têmaha | akathah sandi-sandine | apa ya dan kaliru | mapan padhang bulah si wêngi | lan malih apa ya dan | sangking gêpahipun | age punapaa dika | saya katon para yèn ala sayêkti | kinarya saudara ||

74. ingsun kinarya sadulur èstri | apan têmên ing ati manira | ing lair têkèng batine | apan pangangkah ingsun | basa sanak sadulur uwis | mêngko têka dêlahan | pan sun gawe [ga...]

--- 196 ---

[...we] tunggul | sadulur siji tur lanang | Radèn Lêmbu Pêtêng sira anauri | bênêr têka ing sira ||

75. iya uga manira kang sisip | baya sampun jamaking manusa | lali lan eling duwene | wau ingsun dulu |[76] maring sira sakêdhap lali | nora kèmutan sira | yèn sadulur ingsun | pangrasaningsun wong liya | ayunira amung yayi kang kaèsthi | datan kèmutan kadang ||

76. ing mêngko mirah ingsun wus eling | kalamun sira dulur ingwang |[77] sang rêtna ayu saure | nora kêna ginugu | wicarane mêmanas ati | jatine sira uga | wong amurang laku | wêruha yèn sira ala | supayane ingsun gêlêma angirim | ing wong kabali sora ||

77. pasthi ingsun matur ing kiyai | yèn kaya mêngkono ujarira | radèn mèsêm ing nalane | karsanira wong ayu | awêwarta dhatêng kiyai | ya ta kusuma rara | aglis nulya mantuk | sapraptanira ing wisma | nulya matur sira Ni Rara Nawangsih | dhumatêng ingkang rama ||

78. kawula wau rama angirim | mring pun kakang Lêmbu Pêtêng ika | rama awon piangkuhe | sanggupipun sadulur | mapan ujar kinarya lamis | inggih wau kawula | ngirim sarêng rawuh | dèn cêkêl asta kawula | ingkang rama gumujêng sarya nauri | apa têmên mangkana ||

79. balik panyêkêle [panyêkê...]

--- 197 ---

[...le] kadipundi | pandugane wau kakangira | sang rêtna alon ature | pan panyêkêle wau | si kakang têka mambu ati | upami ladosana | awon tingkahipun | kang rama aris ngandika | alah iya yèn mêngkono iku nini | Ki Lêmbu Pêtêng ika ||

80. wruhanira lawan sira nini | apan iya jatine wong liya | sanak pêpanggihan bae | wis aja sira tutur | lah sigêgên aja baribin | saujare ka[78] rama | sang rêtna mintuhu | ya ta ingkang kawarnaa | Radèn Lêmbu Pêtêng kang saking ing têgil | sarêng surup dhatêngya || [79]

81. anèng patapan kalaning wêngi | Radèn Lêmbu Pêtêng tan apisah | anunggil lawan gurune | Kyai Agêng ing Tarub | anèng dhepok kalaning wêngi | samerade kang garwa | Ki Agêng kêkuwu | anèng ing dhepok patapan | mung kang putra sira Ni Rara Nawangsih | kang asare ing wisma ||

82. ya ta datan kawarna ing latri | sampun pinanggihakên kang putra | sampun pinasthi jodhone | nimas rara ing Tarub | lawan putra ing Maospait | Lêmbu Pêtêng kang nama | pan sampun atêmu | sadaya-daya panggiha | sang dyah ayu sasampunira apanggih | têka mijil kang waspa ||

Catatan kaki:

1. Kurang satu suku kata: mirsa aturing kang suta (kembali)
Kurang satu suku kata: mirsa aturing kang suta
2. agraitèng (kembali)
agraitèng
3. bèji (dan di tempat lain) (kembali)
bèji (dan di tempat lain)
4. katonton (kembali)
katonton
5. Kurang satu suku kata: dadya sumèh ing karsanya (kembali)
Kurang satu suku kata: dadya sumèh ing karsanya
6. Kurang satu suku kata: pan èngêt ing balègnya (kembali)
Kurang satu suku kata: pan èngêt ing balègnya
7. wirangnya (kembali)
wirangnya
8. lolos (kembali)
lolos
9. Kurang satu suku kata: anèng jro wana laire (kembali)
Kurang satu suku kata: anèng jro wana laire
10. wulunya (kembali)
wulunya
11. kang (kembali)
kang
12. atêtinjo (kembali)
atêtinjo
13. asangkoh (kembali)
asangkoh
14. Kurang satu suku kata: ri sampunya mangkana sira glis (kembali)
Kurang satu suku kata: ri sampunya mangkana sira glis
15. Kurang satu suku kata: kang ingambil kêkêmbên sinjang kulambi (kembali)
Kurang satu suku kata: kang ingambil kêkêmbên sinjang kulambi
16. busananèki (kembali)
busananèki
17. akungkum (kembali)
akungkum
18. lingnya (dan di tempat lain) (kembali)
lingnya (dan di tempat lain)
19. Lebih dua suku kata: inggih kita yèn tulus nyukani (kembali)
Lebih dua suku kata: inggih kita yèn tulus nyukani
20. Kurang satu suku kata: lawan ingsun sida apêpanggih (kembali)
Kurang satu suku kata: lawan ingsun sida apêpanggih
21. anon (kembali)
anon
22. kakungnya (kembali)
kakungnya
23. Lebih satu suku kata: kakung manêkakkên asmarane (kembali)
Lebih satu suku kata: kakung manêkakkên asmarane
24. Lebih satu suku kata: angkuh mring wong wadon (kembali)
Lebih satu suku kata: angkuh mring wong wadon
25. Kurang satu suku kata: ing siyang ika anutug ratri (kembali)
Kurang satu suku kata: ing siyang ika anutug ratri
26. wêdyasih (kembali)
wêdyasih
27. kawawas (kembali)
kawawas
28. Kurang satu suku kata: ibu rama kalangkung asihe (kembali)
Kurang satu suku kata: ibu rama kalangkung asihe
29. Lebih satu suku kata: sarabiningsun pan sampun lama (kembali)
Lebih satu suku kata: sarabiningsun pan sampun lama
30. malih (kembali)
malih
31. Kurang satu suku kata: kêkêb nulya jinunjung (kembali)
Kurang satu suku kata: kêkêb nulya jinunjung
32. Kurang satu suku kata: sangêt dènnya kamanusan (kembali)
Kurang satu suku kata: sangêt dènnya kamanusan
33. unggahnèng (kembali)
unggahnèng
34. ibune (kembali)
ibune
35. umpêtan (kembali)
umpêtan
36. langkung (kembali)
langkung
37. panambramèng (kembali)
panambramèng
38. mituhu (dan di tempat lain) (kembali)
mituhu (dan di tempat lain)
39. saking (kembali)
saking
40. Lebih dua suku kata: wus larut bubar sadaya (kembali)
Lebih dua suku kata: wus larut bubar sadaya
41. kara-kara (kembali)
kara-kara
42. astana (dan di tempat lain) (kembali)
astana (dan di tempat lain)
43. Lebih satu suku kata: arsa dhudhuk jaratan ge (kembali)
Lebih satu suku kata: arsa dhudhuk jaratan ge
44. ngrowangnya (kembali)
ngrowangnya
45. Kurang satu suku kata: ri kang wong ing Majalêngka (kembali)
Kurang satu suku kata: ri kang wong ing Majalêngka
46. Kurang satu suku kata: lwir mêndhung maniyub alam (kembali)
Kurang satu suku kata: lwir mêndhung maniyub alam
47. Kurang satu suku kata: yèn Majapait wus bêdhah (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn Majapait wus bêdhah
48. griya (dan di tempat lain) (kembali)
griya (dan di tempat lain)
49. Kurang satu suku kata: inggih kinèn ngucapêna (kembali)
Kurang satu suku kata: inggih kinèn ngucapêna
50. kita kakang (kembali)
kita kakang
51. kakangnya (kembali)
kakangnya
52. Kurang satu suku kata: kakangnya aris dêlinge (kembali)
Kurang satu suku kata: kakangnya aris dêlinge
53. Lebih satu suku kata: sami rêmbagan (kembali)
Lebih satu suku kata: sami rêmbagan
54. Kurang satu suku kata: gêgaman sumahab (kembali)
Kurang satu suku kata: gêgaman sumahab
55. Lebih satu suku kata: sami rêmbag sunan Giri ingastrenan (kembali)
Lebih satu suku kata: sami rêmbag sunan Giri ingastrenan
56. pakumpulan (kembali)
pakumpulan
57. Lebih satu suku kata: Susunan Ratu Giri (kembali)
Lebih satu suku kata: Susunan Ratu Giri
58. Ngabdurahman (kembali)
Ngabdurahman
59. Nabi (kembali)
Nabi
60. mangkya (kembali)
mangkya
61. Sengkalan: kari roro karyèng janmi (1 Dulkangidah 1429 A.J.). (kembali)
Sengkalan: kari roro karyèng janmi (1 Dulkangidah 1429 A.J.).
62. inganggea (kembali)
inganggea
63. Lebih satu suku kata: wasalam nanging rupa (kembali)
Lebih satu suku kata: wasalam nanging rupa
64. Kurang satu suku kata: kuliting kang wêdhus (kembali)
Kurang satu suku kata: kuliting kang wêdhus
65. Lebih satu suku kata: apan sadaya sami ngrêmbagi (kembali)
Lebih satu suku kata: apan sadaya sami ngrêmbagi
66. punika (kembali)
punika
67. bêkti (kembali)
bêkti
68. Kurang satu suku kata: pasunatan kang kanggya maringwang (kembali)
Kurang satu suku kata: pasunatan kang kanggya maringwang
69. pakis (kembali)
pakis
70. apuruhita (kembali)
apuruhita
71. Lebih satu suku kata: mring Kyagêng ing Tarub (kembali)
Lebih satu suku kata: mring Kyagêng ing Tarub
72. Kurang satu suku kata: tansah karya wigêna (kembali)
Kurang satu suku kata: tansah karya wigêna
73. saban (kembali)
saban
74. mêndêm (kembali)
mêndêm
75. para (kembali)
para
76. Kurang satu suku kata: wau ingsun andulu (kembali)
Kurang satu suku kata: wau ingsun andulu
77. Kurang satu suku kata: kalamun sira sadulur ingwang (kembali)
Kurang satu suku kata: kalamun sira sadulur ingwang
78. kang (kembali)
kang
79. dhatêngnya (kembali)
dhatêngnya