19. Mijil

1. Rêtna Nawangsih asêmu wingit | pan maksih karaos | kala sadèrèngipun panggihe | dening wus manjing sudara wèdi | mangke dadi laki | tan nyana sang arum ||

--- 198 ---

2. asmu ewa merang jroning ati | dèrèng sapatêmon | dening manjing sadulur kakunge | tan andipe Ni Rara Nawangsih | kalamon akrami | antuk lan sadulur ||

3. dèrèng acarêm sang pindha ratih | maksih gung wirangrong | kakung angantos lunture sihe | datatita kalangan prajangji | grah sangêt winarni | Ki Agêng ing Tarub ||

4. cinarita sampun angêmasi | wau ingkang layon | apan sampun sinare linane | satilare kang rama gung kingkin | karaos sang dèwi | lamun kawlasayun ||

5. tinilar rama ibu ngêmasi | tan ana kang ngêmong | anging anganti lunture sihe | angrasani asih dhatêng laki | wus mantun awingit | madhêp ngasmara kung ||

6. angadi-adi rupa sang dèwi | bonyo ing pasêmon | anggung angrêsiki sarirane | dhasar sarira amindha tulis | sinawang amanis | suwarnane ayu ||

7. asinjang cindhe linatar wilis | pêpilise ijo | jingga marunta kasêmêkane | tur rinêngga parada nut têpi | angêngonang asri | rinêngga mas murub ||

8. akalpika jumantên nêlahi | pangapit bang ijo | sêngkang bapang intên panunggule | kadya kilat abarung lan thathit | manise kang singsim | katrangan panunggul ||

9. sêkar campaka binaud [bina...]

--- 199 ---

[...ud] asri | cêcarang mas kaot | awida jênar arum gandane | rema sêkare gambir malathi | warnane dyah dèwi | lwir murca dinulu ||

10. waja amindha maniking warih | môndra-môndra mawor | atungtung rangdhi lathi manise | angroning imba jaiting alis | tingale alindri | manising pandulu ||

11. suruping arka gumantya wêngi | hyang côndra umiyos | tanggal patbêlas ika kênyare | apindha rina purnamèng sasi | pamêwah jwalaning | trênggana awêlu ||

12. sang kakung baut marang ing rabi | jiwa raga anor | mulat ing garwa suh rêmpu tyase | kadi cintaka aminta riris | ing tawang kaswasih | mangsaning katêlu ||

13. sang dyah ayu tan pêgat liniring | ing sang awirangrong | angrêrêpa kakung panêbdane | dhuh mirah ingsun kang mindha Ratih | baya sira gusti | gèn ingsun anyatu ||

14. pun kakang gusti anuhun kang sih | suka ta kalamon | pêjaha sumungkêmi padane | upaminingsun sang liring sari | lwir tidharsa amrih | turuning sitangsu ||

15. lwir cintaka angambarèng langit | aminta kalamon | turunana ing warsa ajape | lwir bramara ing tawang rêrêngih | sajroning undyani |[1] dènnya amrih santun ||

16. sang rêtna yu anulya angliring | paguting pasêmon | andêh ing tingal kantun manise | anorakên ingkang madu gêndhis | kakung aningali [a...]

--- 200 ---

[...ningali] | manahnya suh rêmpu ||

17. Sang Hyang ingêmban têka ngladèni | binaktèng palugon | apan sampun tumangkêp samire | sapraptaning paprêman alinggih | kalawan sang rêsmi | madyaning kang babut ||

18. sang dyah ingaras awanti-wanti | anyêngkah jaja lon | lwir pendah madubranta wuwuse | amrih lunture sihe kang rayi | tansah den rêrêngih | juwitaning ayu ||

19. sinarèkakên ing tilam amrik | srênggara kalangon | ing jro tilam nêkakkên kaptine | wêkasing sinjang pan sampun kokih | acampuh ing rêsmi | kepyan kang pulangyun ||

20. sang dyah ayu murcita ing rêsmi | sarira kalêson | marlupa gupe tanpa jiwane | kakungira awlas aningali | ingaras sang dèwi | sinrang ing pangrungrum ||

21. anglilira kusumaning sari | dewaning paturon | sampun age murca nahing anggèr | lah sarênga lawan sira yayi | dipun tulus asih | mirah jiwaningsun ||

22. sampun wêdhar kang apulangrêsmi | pinarêk karongron | ya ta sang kakung kaliwat sihe | dhatêng kang garwa tansah liniring | miwah ta sang dèwi | mring kakung sru lulut ||

23. upaminira lwir pendah mimi | denira karoron | datan kêna pisah ing kalihe | siyang dalu [da...]

--- 201 ---

[...lu] tansah akaronsih | sangsaya alami | gènira atêmu ||

24. sasedane kang rama winarni | atut akarongron | ingkang mantu gêntosi linggihe | Radèn Lêmbu Pêtêng anuruni | gêntosi ngramèki | Ki Agêng ing Tarub ||

25. wus alami Sang Rêtna Nawangsih | warnanên kalamon | wus awawrat tri wulan lamine | sang dyah ayu warnane amanis | lwir purnamèng sasi | warnane sumunu ||

26. sampun jangkêp samayaning sasi | gènira abobot | ya ta ambabar jabang bayine | miyos jalu warnane apêkik | cahyane dumêling | lwir wulan awêlu ||

27. rama ibunira langkung asih | kang putra ingêmong | ya ta sampun dawêk panapihe | kang atmaja pan sampun sanapih |[2] mangkana winarni | kusumaning ayu ||

28. Rêtna Nawangsih awawrat malih | putra miyos wadon | dumadya kêkalih atmajane | cinarita jalu lawan èstri | wus putra kêkalih | mangkana winuwus ||

29. Ki Lêmbu Pêtêng pan sampun lalis | tan lulus karongron | cinupêt datan panjang umure | Ki Agêng Tarub sampun ngêmasi | mangkana winarni | wau putranipun ||

30. kêkalih sampun sami akrami | ya ta winiraos | putra jalu nênggih kêkasihe | Ki Agêng Gêtas pandhawa nênggih | arine pan èstri | akrama pan antuk ||

--- 202 ---

31. iya Ki Gêdhe Ngêrang winarni | atut akarongron | dènnya palakrama ing kalihe | ingkang raka wau lan kang rayi | mangkana winarni | wau têdhakipun ||

32. Ki Agêng Gêtas Pandhawa nênggih | ingkang winiraos | apêputra pêpitu kathahe | cinatur nênêm kang sami èstri | kang sêpuh pribadi | satunggal pan jalu ||

33. Ki Agêng Sêsela kang wêwangi | rayi sami wadon | Nyai Gêdhe Pakis panggulune | nuntên Nyai Gêng Purna kang rayi | arinipun malih | nênggih wastanipun ||

34. Nyai Gêdhe ing Kare winarni | wus lami karongron | Nyai Gêdhe ing Kare arine | Nyai Gêdhe ing Wanglu winarni | nuli ingkang rayi | nênggih wastanipun ||

35. Nyai Gêdhe ing Bokong winarni | rinya miyos wadon | Nyai Gêdhe Ngadibaya rane | sampun jangkêp pêpitu winilis | jalu lawan èstri | kêkadang apatut ||

36. datatita kang kawarnèng nguni | kang kocapa mêngko | nênggih wontên winiraos malèh | ing carita pan gênti winarni | Ki Agêng ing Pêngging | punika dhinapur ||

37. ingkang anama Ki Agêng Pêngging | akêkadang roro | kang adarbe têdhaking kandhane | dipati Andayaningrat nguni | Adipati Pêngging | kang adarbe turun ||

38. nguni-uni Natèng Pajang Pêngging |

--- 203 ---

anama mêngkono | Prabu Andayaningrat turune | sirna karatone mung Dipati | Pajajaran prapti | natèng Majalangu ||

39. maksih anama pan adipati | cinatur kinaot | sami-sami ing kabupatène | aprakosa digjayèng ajurit | asugih prajurit | sugih barana gung ||

40. angrèh sakilèning Lawu wukir | nênggih sapangulon | sakidul wukir baita kabèh | lèring samodra kidul sumiwi | mring Dipati Pêngging | kabawah sumuyut ||

41. sami wingwrin kang para dipati | bang lor sapangulon | tan ana kang anôngga bobote | ing ayuda asugih prajurit | myang barana sugih | pirang-pirang turun ||

42. Pajajaran praptèng Maospait | sirnaning karaton | kacatur amung kabupatène | tan apêdhot sanamane mêksih | Adipati Pêngging | marmanya ingugung ||

43. marang Brawijayèng Maospait | tinêmpuhkên ing bot | sampun tinariman ing putrine | kang panênggak antuk Sang Dipati | Dayaningrat Pêngging | wêkasan kang kantun ||

44. patutan sami jalu kêkalih | Kêbo Kênonga nom | ingkang sêpuh Kanigara rane | sabêdhahe nagri Maospait | Adipati Pêngging | sampun lami lampus ||

45. sirna agama Buda gumanti | agama kinaot | saraking Nabi Dêmak [Dêma...]

--- 204 ---

[...k] ratune | tênayèng Pêngging kalih pradongdi | kang sêpuh ngêdahi | ing kabudanipun ||

46. Kêbo Kanigara sru martapi | nèng jro kawah dhodhot | sipat Karna abantêr lakune | ing sawarsa wijilira sangking | kawah lajeng malih | tapèng pucuk gunung ||

47. laku ajar ing lami-lami |[3] patine angobong |[4] tan katênan[5] ing pakuburane | Kêbo Kanigara mati kapir | wau ingkang kari | Kêbo Kênonga nut ||

48. ing sarak sang nayakaning bumi | agama kinaot | sampun antuk wisiking gurune | Pangran Siti Jênar gurunèki | lan Kiyai Tingkir | Ki Êrang Ki Butuh ||

49. kapat sarênge puruwita wit | anunggal paguron | wus ingèstrèn marang ing gurune | kapat anama ki agêng sami | ing Ngêrang ing Tingkir | ing Pêngging ing Butuh ||

50. dene ingkang kinarya nyêpuhi | dènira maguron | Gêdhe Ngadipurwa sêpuh dhewe | Ngadipurwa puniku ing Tingkir | Ki Gêdhe ing Pêngging | kang dadi panggulu ||

51. Gêdhe Butuh ingkang anêngahi | ingkang dadi anom | Gêdhe Ngêrang mêragili dhewe | wus umadêg Jumungahe sami | suyud kanan kèri | ing agama rasul ||

52. miwah sira Ki Agêng ing Pêngging | Jumungah angradon | sampun lali maring Kabupatèn | dhasar ing Pêngging tilas nagari | suyud ing

--- 205 ---

agami | Jumungahe agung ||

53. jalu èstri angayar-ayari | rahabe kalakon | jêjêl-jêjêl sabên Jamuhe |[6] kumêrut wong sagung kanan-kering | sêsêg aneng masjid | ing sêsinomipun ||

20. Sinom

1. Nênggih Sang Natèng Bintara | ingkang kawursita malih | kalangkung sakin[7] raharja | Sri Naranatèng Ngawanti | ambêg palamartadil | sudibya karatonipun | susila sônta budya | sumuyud satanah jawi | samya êla-êla marang ratunira ||

2. mangkana nagari Dêmak | kasusra ing nusa bumi | yèn ratu panatagama | santosa tyasira mukmin | winong ing para wali | Prabu Senapati Jimbun | Panêmbahan Palembang | ratu murwani ngagami | marbuk arum sumuking nagari Jawa ||

3. Panêmbahaning Bintara | nalika miyarsa warti | yèn ing Pêngging têrahira | Andayaningrat Dipati | mangsuk saraking nabi | langkung gêng Jumungahipun | apan Kêbo Kênonga | wus nama Ki Agêng Pêngging | durung ana seba mring Natèng Bintara ||

4. sanadyan kyèh kang miruga |[8] kang mangun saraking nabi | desa-desa ingadesa | malah suka sri bupati | tan susah tur upêksi | yêkti sokur sèwu sokur | amung Pêngging punika | praja tilas gèn bupati | ing bênêr barang rèh ngago pracaya ||[9]

5. nora kêna anggêgampang | sayêkti [sa...]

--- 206 ---

[...yêkti] tilas bupati | bnêre nganggo pracaya |[10] marang kang dadi nrêpati | dadya sri narapati | anuduh kang pinisêpuh | Ki Gêdhe Wanapala | kang tinuduh marang Pêngging | ingkang rama mring Ki Apatih Mangkurat ||

6. pan sarwi anggawa bantah | bantahe tigang prakawis | pasêmoning ngèlmu tekad | ana walêr sangkêr kêdhik | sang nata ngudanèni | lamun kaponakan tuhu | milarsa tinalika | solahe Ki Agêng Pêngging | wus umêsat Kyai Gêdhe Wanapala ||

7. ing marga tan winursita | sapraptanira ing Pêngging | panggih Ki Gêdhe Kênonga | salaman wus tata linggih | amindha cara santri | Wanapala lampahipun | Kyai Gêdhe Kênonga | ambagèkakên aririh | tinakenan angaku dhapur pasaja ||

8. tan kêlir Ki Wanapala | yèn dutane sri bupati | Panêmbahan ing Bintara | kagyat Ki Gêdhe ing Pêngging | cinipta nyalawadi | dutanira sang aprabu | cinêndhak lampahira | wus bantah asilih ukih | sampun pamit sapraptanirèng Bintara ||

9. katur solahe dinuta | kalamun Ki Agêng Pêngging | èstu amalih pratingkah | lair batin dèn anggêpi | aling-aling agami | ing batin angiras laku | sarwa ajêng sadaya | sinandi ing pangabêkti | panyiptane ngudi tuwuh kabatinan ||

10. nanging pasêmoning nitya |

--- 207 ---

têksih ugi bupatèni | nanging awagêd anamar | kapêngkok purun ngêmasi | sampun kula wangêni | yèn wus jangkêp kalih taun | sebaa mring Bintara | yugya paduka babari | apan wajib ratu angapurèng beka ||

11. apan punika kaprênah | pêpulunan paduka ji | kados purun nunjang beka | mêngkana sri narapati | sarèhing tyasirèki | duk miyarsa aturipun | Kiyai Wanapala | kunêng wuwusên ing Pêngging | saantuke duta ji marang Bintara ||

12. Ki Gêdhe ing Tingkir miyarsa |[11] lamun kang rayi ing Pêngging | atamian dutèng nata | ing Bintara animbali | mopo Ki Gêdhe Pêngging | Ki Agêng ing Tingkir gupuh | marang Pêngging wus prapta | Ki Butuh Ki Êrang prapti | êmpaning kang cipta kadya sêsêmayan ||

13. gupuh langkung sukanira | wau Ki Agêng ing Pêngging | atamian ingkang raka | miwah ingkang rayi kalih | kadya kadang sayêkti | kadange tunggil saguru | Ki Agêng Ngadipurwa | têtanya amituruti | ya pagene yayi sira ingandikan ||

14. marang sang natèng Bintara | têka sira tan lumaris | duraka maring nagara | mèsêm matur ingkang rayi | dene langkung asangli | timbalane ang[12] aprabu | wong dhêdhukuh kewala | tur kiwa desa-ngadèsi | botên wontên khajat pêpanggih lan raja ||

15. kang raka sêrêng ngandika | lah pagene

--- 208 ---

para yayi | mangkono panyiptanira | ratu khalifatulahi | imam ing tanah Jawi | satingkahe wajib tinut | besuk malih yèn prapta | dutane sri narapati | lumakua ingsun kang ngatêr ing sira ||

16. môngsa ingsun tegakêna | sadyan[13] rinira kêkalih | padha milu angatrêra | iya mring nagri Ngawanti | aseba sri bupati | sangmah[14] Senapati Jimbun | Panêmbahan Palembang | manawa punika eling | pulunane ana desa-ingadesa ||

17. pan sadulure bunira | Radèn Patah pan sayêkti | mèsêm alon aturira | wau Ki Agêng ing Pêngging | mandah wong dadi aji | kèmutan ujar puniku | sadintên parêmbagan | lèrèn ing wêktu ngabêkti | malah sipêng sami ing sadasa dina ||

18. ing dalu arêringgitan | nanging bèbèr ingkang ringgit | lakone Panji Susupan | wontên nagarèng Gadhiri | silih namanirèki | dewa katon lênglêng murub | ki gêdhe kapat pisan | karaos arasing ngèlmi | pasêmone kadi tajalingning rahsa ||

19. nênggih nalika punika | garwane Ki Agêng Pêngging | wawrat sampun sangang wulan | babare sarêng sawêngi | jalu langkung apêkik | parêng katri praptanipun | kêkuwung nyêrot toya | sami sakala kang riris | kang aringgit bèbèr [bè...]

--- 209 ---

[...bèr] kinon akèndêla ||

20. sawusnya pinaripurna | pinundhut kang jabang bayi | ingaturakên kang raka | marang Ki Agêng ing Tingkir | pinangku mring Kiyai | Gêdhe Tingkir sarwi muwus | hèh yayi sutanira | liwat pêkike puniki | ngong wasiyat Mas Kêrèbèt namanira ||

21. dene nuju wêwayangan | bèbèr rare iki mijil | apêkik tur mawa cahya | bêgjane ingkang mênangi | dadine rare iki | ana kaluwihanipun | cahya lir Endracapa | mufakat namanirèki | Mas Karèbèt paringane ingkang uwa ||

22. cinatur sapuluh dina | lamine Ki Agêng Tingkir | Gêdhe Butuh Gêdhe Ngêrang | sami nênggani nèng Pêngging | sarêng antukirèki | Gêdhe Tingkir Ngêrang Butuh | Mangkana cinarita | antuke Ki gêdhe Tingkir | sangking Pêngging tan alami nuli seda ||

23. Gêdhe Pêngging ingutusan | sapasar anèng ing Tingkir | langkung dènira sungkawa | Ki Gêdhe Kênonga Pêngging | antuke sangking Tingkir | ingkang raka sedanipun | cipta age nusula | aja lami ing donyèki | kawuwusa malih sang natèng Bintara ||

24. wus lami pangantosira | sebanè Ki Gêdhe Pêngging | kalih warsa nora seba | lawan amiyarsa malih | tekade ngèlmunèki | Ki Gêdhe Pêngging angaku | nanging mêksih ngibadah | kuwat maring pangabêkti |

--- 210 ---

yèn binuka ngèlmune ngèdhèng kewala ||

25. wus nora mikir aseba | marang ing Dêmak nagari | pijêr angêkêb kewala | sedane kang raka Tingkir | lali ing tadhah guling | mangkana dutaning ratu | angêmbani dêduka | Sunan Kudus kang tinuding | marang Pêngging wus mêsat saking Bintara ||

26. mung bêkta pêpitu sabat | kang gendhong bêndhe satunggil | bêndhene aran Ki Macan | puniku angsaling nguni | sangking martuwanèki | Pêcattôndha ing Singguruh | Dipati Têrung ika | Sunan Kudus mantunèki | bêndhe iku mangunah yèn ana karya ||

27. ing carita pan cinêndhak | Sunan Kudus duk ing margi | anggung akarya wasiyat | ing desa kang dèn liwati | Kalibuthak namèki | Pepe Sima Ngaru-aru | Jimbungan ing Drêrana | Sunan ingkang masiyati | lampahira ing Pêngging sapraptanira ||

28. wus panggih atarung bantah | lawan Ki Agêng ing Pêngging | kacêthikan karsanira | Ki Gêdhe Kênonga Pêngging | dènira ngrangkêp kapti | antêping tekad angaku | cêpak pamoponira | kokum ing ngèlmu ngandhêmi | pan Ki Agêng ing Pêngging sampun palastra ||

29. sêntanane apuyêngan | sadasihira kaswasih | gumuruh kang arsa bela | Sunan Kudus ngêramati | mung pitu sabatnèki |

--- 211 ---

katon rong lêksa ngêndhanu | baris sinang bêranang | sabusananing prajurit | kadya guntur gurnitèng barung ampuhan ||

30. saanane kulawarga | wong Pêngging samya nututi | gumuruh agurawalan | umung kang bêndhe tinitir | bêndhe wasiyat Pêngging | ngêmandhang pun Udan Arum | bêndhe Kudus Ki Macan | kadya ngombang ing wiyati | rame têmpuh swarèng tawang katawêngan ||

31. Susunan Kudus saksana | ngipatakên têkênèki | kang nêpsu sarèh sadaya | kêna karamating wali | wong Pêngging sami mulih | mênêdi kunarpanipun | ki gêdhe wus sampurna | sigra pinêtak tumuli | lèr wetaning dalêm kuburanira ||[15]

32. wusnya matang puluh dina | kang garwa nusul ngêmasi | Mas Kêrèbèt dadya lola | mung santana kang gadhuhi | prasami gênti-gênti | amrih sakêrasanipun | lami-lami diwasa | mundhak sasi mundhak pêkik | wuwuh taun wuwuh kapêkikanira ||

33. anulya wau binêkta | mring uwa Nyi Gêdhe Tingkir | dinama sinungga-sungga | mring uwa Ni Rôndha Tingkir | dhasar Ni Gêdhe Tingkir | sugih brana anak putu | kèringan tôngga desa | macapat angaji-aji | apan maksih tabête kang sampun seda ||

34. Mas Kêrèbèt wus kêtêlah | namane Ki Jaka Tingkir | anyalênèh rare kathah | rêmên anyêpi

--- 212 ---

nèng wukir | jurang jro pingkir[16] kali | kalinganing roning taru | guwa-guwa jinajah | cipta wijayan-jayanti | karêming tyas kawidigdan kadigdayan ||

35. kang ibu anggung kelangan | mring kang putra Jaka Tingkir | sapuluh wêngi sapisan | antuke mring wismanèki | agung anut anêpi | mring wong kang têtapèng gunung | ing gunung Telamaya | lan ing wukir Jaka Pêkik | karungrungan pasabanira Ki Jaka ||

36. wus antuk wisiking tapa | dènira amrih linuwih | ing sinêkti kasantikan | kasudibyaning ajurit | malah praptèng sasasi | Ki Jaka pan botên mantuk | langkung prihatinira | kang ibu Nyi Gêdhe Tingkir | dene putra kulina ing wana arga ||

37. duk samana nuju prapta | ingkang putra dèn tangisi | pan sarwi pinituturan | cinêgah asaba wukir | dhuh sutèng ulun gusti | manawa sira kalantur | apan wong gunung nyawa | ajar iku ngèlmu sirik | durung anut ing sarak jêng nayakèngrat ||

38. mêksih akèh balênjatan | ngèlmune wong gunung gusti | mulane kulup aja ta | marpêki wong tapèng wukir | iku padha nyêgahi | marang saraking jêng rasul | yèn nêdya puruhita | môngsa kuranga wong mukmin | ingkang padha mêmuri jêng

--- 213 ---

nayakèng rat ||

39. kèndêl kang putra sakala | kambon pitutur bunèki | dadya angêbon kewala | kêbone ibunirèki | karang katela nênggih | saêlèr dalêming ibu | Ki Jaka karya guwa | tan kèndêl riyalatnèki | pan alami mêndhêm nèng karang kêtela ||

40. kang ibu prihatinira | cinêgah kalawan pikir | wruh sasmitaning Hyang Suksma | polahe putranirèki | mung jinurung ing puji | lan acêgah pangan turu | pan nyai gêdhe rada | belani putra prihatin | sarta sukur ing Hyang narimèng satitah ||

41. sah saking karang katela | sira Ki Jaka ing Tingkir | pamit marang ibunira | arsa puruhitèng mukmin | kang ibu angamini | nanging aja lawas kulup | sêsambêrên kewala | supaya ingong ta gusti | aja kongsi kalangso prihatin dahat ||

42. datan arsa kinanthenan | kêdah lumampah pribadi | lampahe darung angetan | ing Serang kang dipun jogi | kèndêl ing pitung latri | lajêng wau lampahipun | ngalèr ngetan wus prapta | ing Sêsela kèndêl lami | puruhita marang Ki Agêng Sêsela ||

43. tiniti kawijilira | Ki Agêng rêsêp ningali | langkung agêng trêsnanira | marang Ki Jaka ing Tingkir | dene suwarna pêkik | alusing manah rahayu | budyandhap wani kalah | tyas pasang grahita [gra...]

--- 214 ---

[...hita] lungid | pan ingangkat ingakên wayah asmara ||

21. Asmarandana

1. Ya ta wau Jaka Tingkir | lami anèng ing Sêsela | Ki Agêng kalangkung sihe | Ki Jaka dinama-dama | tunggil lan putra wayah | sawulan sapisan mantuk | kadhang rong sasi sapisan ||

2. têtuwi ngibunirèki | datan kongsi tigang dina | wangsule mring Sela malèh | kêrasan anèng Sêsela | rare karêm ing manah | Sêsela dhêdhalang agung | gêdhog karucil lan pruwa ||

3. rêmên sinau ringgit |[17] Ki Jaka anèng Sêsela | dènnya kathah dhalang ngamèn | Ki Gêdhe Sêsela murah | asih maring dhêdhalang | Ki Jaka wus bisa manggung | lamine anèng Sêsela ||

4. Mas Karèbèt dhasar wasis | sampun sacop lan dhêdhalang | ing krama tindak tanduke | kapara sêdhêp Ki Jaka | kagawa dening bocah | marmane kaduk kayungyun | nyênyêngite nora nana ||

5. sampun tinumbaskên ringgit | marang Ki Gêdhe Sêsela | pinadenan sarêmêne | malah wus kalok kasusra | macapat tôngga desa | kalamun ta wayahipun | angkat Ki Agêng Sêsela ||

6. pangringgite angluwihi | angèrèkakên dhêdhalang | akèh nuhun parapate | kaul anuwun Ki Jaka | akathah wong kasmaran [kasmara...]

--- 215 ---

[...n] | dene rare bisa manggung | kari dhalang tuwa-tuwa ||

7. cinêkak susraning bumi | Ki Jaka tan kêna pisah | yèn ki gêdhe mring panêpèn | miwah yèn sipêng pagagan | Ki Gêdhe ing Sêsela | Ki Jaka tan kêna kantun | tumut yèn nêpi ing wana ||

8. ki agêng puniku mukmin | among tanine anamar | angudi tuwuh batine | emut yèn trah Brawijaya | mila akarya lampah | anênêdha ing Yang Agung | winarisana nugraha ||

9. mangkana wus pitung bêngi | Kyai Gêdhe ing Sêsèla | sipêng gubug pagagane | kang mêntas binubak anyar | wetan Tarub prênahnya | lèr kilèning Sêselèku | wana ing Rencoh wastanya ||

10. nuju Jungahing latri |[18] Kyai Agêng ing Sêsela | asare anèng gubuge | Ki Jaka Tingkir nèng dagan | apan dhêkah Sêsèla | yèn rêndhêng pasawahipun | sakiwa têngêning desa ||

11. lamun katiga anêbih | wana kinarya pagagan | ki gêdhe ngiras tapane | môngka wau cinarita | ing wêngining Jumungah | supêna maring wana gung | nyangking kudhi arsa babad ||

12. kasupêna Jaka Tingkir | sampun kapanggih nèng wana | gora rupa ing wana kèh | rubuh samya cinêkêlan | kabèh pucuking gurda | lawan asta têngênipun | dene astane kang kiwa ||

--- 216 ---

13. kêkayon sajroning wanadri |[19] cinandhakan pucukira | rêbah samya sinèrèd |[20] Ki Gêdhe sajro supêna | eram pêgene bocah | têka mêngkono sirèku | nulya kagèt wungu nendra ||

14. andulu daganirèki | Mas Karèbèt mêksih nendra | ginugah mring kyai gêdhe | kulup sira suwe nendra | apa tan lunga-lunga | Ki Jaka tangi wotsantun | kula botên kesah-kesah ||

15. anjêtung angrasa ngipi | myarsa ature kang wayah | panyikale ing jro tyase | dene ta nora kayaa | ingsun ingkang anêdya | parandene durung sinung | ngimarat ingkang mêngkana ||

16. gawog[21] titahing Hyang Windhi |[22] rare iki môngsa naha | lair batin panêdyane | lagi tibèng gagêmbyakan | luwih-luwih ing bocah | prandene kèpi deningsun | pasêmon dudu kinantha ||

17. ki agêng ngandika aris | kulup ngurupna badhiyang | payo malèk[23] kang asuwe | awan wêngining Jumungah | kalaku yèn wong Arab | mapan sakuwasanipun | mêlèk wêngining Jumungah ||

18. wus mubyar badhiyangnèki | ki gêdhe mundhut lêmêngan | kêtan lan babakan pule | pan puniku sangunira | kêtan winor babakan | pule cinarup [cina...]

--- 217 ---

[...rup] sabubung | ki agêng sarwi ngandika ||

19. kulup sira nguni-uni | sadurunge nèng Sêsela | apan nora duwe ipèn | ya ipèn sabarang-barang | Ki Jaka matur wakca | inggih kawula rumuhun | pan anggung kesah amoyang ||

20. saba jurang saba wukir | wontên wukir Telamaya | inggih salèr wetan Ngandong | sawulan ngèngèr kawula | mring Ajar Adirasa | kawula ngipi ing dalu | pan inggih katiban wulan ||

21. pan lajêng kawula bukti | raosipun ingkang wulan | kapês-kapês kadi kênthos | têlas kang wulan satunggal | nèng wukir Telamaya | orêg swarane gumludhug | sarêng sadalu punika ||

22. kawula botên awarti | dhatêng têtiyang sanunggal | mung sawêk mangke kawiyos | dene paduka têtanya | Ki Agêng angandika | iya aja tutur-tutur | kulup kang liyan sangking wang ||

23. ipènmu kaliwat bêcik | ingsun nyawa milu donga | muga tinêmua têmbe | sangsaya pangungunira | Ki Agêng ing Sêsela | sampun ajrih ing ngèlmu |[24] kadi ta ginêndhingana ||

24. emut kalamun wus pasthi | jalarane bêcik ala | miwah luhur lawan asor | Hyang Suksma pan wus anitah | ing lokhil mahpulira | mangkana Ki Jaka matur | paran jarwaning supêna ||

25. ki agêng ngandika aris | aja sira [si...]

--- 218 ---

[...ra] takon jarwa | pan iku sirahing ipèn | ratu-ratuning supêna | balik pitutur ingwang | sira ngawulaèng ratu | Sri Naranatèng Bintara ||

26. yèku kulup bokmanawi | tinêmu supênanira | ingsun anjurung dongane | muga kulup cinêpakna | wahananing supêna | Ki Jaka nêmbah umatur | kawula darmi lumampah ||

27. ing sabda tuwan kapundhi | kyai gêdhe angandika | kurang ingsun nadhah sare | ngong sêdyakakên ing sira | amung yèn kalakona | ing wuri-wuri ta kulup | kênaa liru prabawa ||

28. nambungi wahyunirèki | Ki Jaka matur sumôngga | tan rumaos badan roro | Ki Agêng wus lêga ing tyas | saengga pêpatungan | Ki Agêng nêlas kang wuruk | sigra kinèn lumaksana ||

29. kunêng malih kang winarni | kadi ta sarênging lampah | nanging ginênti kocape | sri naranatèng Bintara | wus puput jênêngira | sedane atilar sunu | nênêm pawèstri satunggal ||

30. Ratu Mas Nyawa namèki | puniku tuwa wus krama | antuk Pangeran Carêbon | Pangran Sabrang Lèr panênggak | ingkang gumantya nata | kang rayi malih pan jalu | Pangran Seda Lèpèn ika ||

31. anulya kang rayi mali |[25] anama Radèn [Radè...]

--- 219 ---

[...n] Tranggana | Radèn Tranggana arine | nama Radèn Kandhuruwan | malih Radèn Pamêkas | dene kang umadêg prabu | tan alami jnêngira ||[26]

32. Pangran Sabrang Lèr wus lalis | malih kang umadêg nata | Radèn Tranggana ingêstrèn | dening para waliyulah | jumnêng Sultan Dêmak |[27] sapunika gancaripun | Panêmbahan ing Bintara ||

33. patihe tumut ngêmasi | sira Ki Patih Mangkurat | atmaja jumnêng patèh |[28] nama Patih Wanasalam | matihi Sultan Dêmak | kadya bapa wagêtipun | Kyana Patih Wanasalam ||

34. mêwahi nagri Ngawanti | arjane karatonira | suyud pra dipati kabèh | tan pae lawan kang rama | dènnya nata agama | wantu-wantu marbuk arum | kongas adiling parentah ||

35. mangsuli carita malih | Mas Karèbèt kalanira | anglakoni pituduhe | Kyai Gêdhe ing Sêsela | kinèn suwitèng Dêmak | saking Sela antukipun | mring Tingkir matur bunira ||

36. kang ibu sarèh tur aris | iya bnêr iku nyawa |[29] Ki Gêdhe Sela tuduhe | ana kang sun arsa-arsa | iya nanging antèkna | baturira loro iku | dènira amantun gaga ||

37. têlung dina êngkas uwis | nulya sun kon ngatêr sira | ana pamanira dhewe | suwita Sultan Dêmak |[30] yèku sundhulan [sundhu...]

--- 220 ---

[...lan] ingwang | anama Kiyai Ganjur | anglurahi suranata ||

38. yaiku jujugên nuli | angaturna maring sultan | Ki Jaka suka manahe | myarsa kang rayi bunira | sampun suwitèng Dêmak | Ki Jaka ngrewangi matun | gaga rencange bunira ||

39. sadina tan arsa mulih | Ki Jaka anèng pagagan | kidul wetan pagagane | ciptane nuli têlasa | agya lumakyèng Dêmak | mangkana mêndhung tumiyung | prapta riris wanci asar ||

40. anuju Sinuhun Kali | kondur sangking Pamantingan | lumampah têkên êcise | Ki Jaka anèng pagagan | inguwuh sangking jaba | kulup-kulup sira iku | apijêr mantun gaga ||[31]

41. kèndêl Susunan ing Kali | jaga jawining pagagan | asora pangandikane | marènana mantun gaga | nuli asuwitaa | maring Dêmak sira kulup | sira uga bakal raja ||

42. amêngku ing nusa Jawi | wusnya ngling anulya kesah | lajêng mangalèr lampahe | angatutakên ing tingal | dangu wus tan katingal | Ki Jaka sigra umantuk | tutur marang ibunira ||

43. kang ibu suka miyarsi | kulup nuli lumakua | aja angatèni[32] anggèr | uwise pagaganira | sun sambatne ing wuntat | tuk sabdaning wali

--- 221 ---

kutub | Susunan ing Kalijaga ||

44. cinatur sampun lumaris | Ki Jaka mring nagri Dêmak | lawan bature ibune | kêkalih kinèn ngatêrna | prapta nagari Dêmak | anjujug Kiyai Ganjur | kature panggambuhira ||

22. Gambuh

1. Cinatur sampun katur | Ki Jaka Tingkir suwitanipun | marang sultan kadêngangan praptanèki | nglumpati balumbangipun | sarwi mungkur duk mêncolot ||

2. atêbih tibanipun | sultan umiyat suka kalangkung | lan apêkik sumunu wênês amanis | luwês lêlewanira lus | wani kasor andhap asor ||

3. titih ing tindak tanduk | sêdhêp pangucap pamulu alus | mêlasasih kang umulat prasamya sih | langkung sihira sang prabu | kinathik ing jro kadhaton ||

4. sampun pinundhut sunu | dadya putrangkat nênggih tinuduh | anglurahi wadya wira tantamèki | sa-Bintara wus misuwur | lamun putrangkat sang katong ||

5. sinung jêjulukipun | Rahadèn Jaka Tingkir sumuwur | purwaningsih Sultan Dêmak agêng kang sih | katon kaprawiranipun | maksih rare wus kinaot ||

6. yèn kala sang aprabu | cakramèng wana Ki Jaka tumut | kinèn bujung macan ing sami satunggil | kacandhak sima angringkuk | binopong katur sang katong ||

--- 222 ---

7. sang nata suka guguk | miwah yèn amêng-amêng ing banyu | datan pisah sira Radèn Jaka Tingkir | munggèng cêcanthiking jungkung | ing ngarsanira sang katong ||

8. lamun sang nata dulu | bêngawan ana bajul cumungul | kinèn nyêkêl Ki Jaka sigra gêbyuri | binujung kêna kang bajul | binopong katur sang katong ||

9. sangkin agêng sihipun | Sultan ing Dêmak langkung angugung | ngêla-êla marang Radèn Jaka Tingkir | satadhah busanipun |[33] wus sami lan putra katong ||

10. nagri Bintara kasub | korak kasusra suwur misuwur | pratingkahe sira Radèn Jaka Tingkir | anèh tan mambu wong dhusun | sêkti lan dhapur dadyalok ||

11. abagus ambêgnya lus | lan amawi kang cahya sumunu | animbangi lan para putra nrêpati | kapara ngungkuli tuhu | ing solah lawan pasêmon ||

12. sih para dipatyagung | miwah santana samya lulut |[34] kyana patih Wanasalam langkung asih | wong sanêgara sumuyud | sinami lan putra katong ||

13. karya jêtung yèn langkung | akarya ngungun ingkang andulu | nadyan kathah para putra kang apêkik | kari manis cahyanipun | sèdhêp sêdhêp ing pasêmon ||

14. luwês lêlewanipun | alus anulus sarèh aruruh | sarwa mêntas aputus pantês rêspati | patitis lamun ingutus [ingutu...]

--- 223 ---

[...s] | atètèh tatag atanggon ||

15. tuhu lamun pinunjul | wong sa-Bintara asih kayuyun | juwêt ojat mung angucap Jaka Tingkir | tuwa nom anggung anggunggung | gêdhe cili lanang wadon ||

16. wong jagong rubung-rubung | miwah wong lawat[35] ing lurung-lurung | kêmba yèn tan muwus Radèn Jaka Tingkir | jog tangi turu thuk-uthuk | Jaka Tingkir dèn wiraos ||

17. padha lanang sih lulut | singa kang mulat sapisan kudu | aming kalih singa mulat kaping kalih | kudu mulat kaping têlu | lumrah wong kabèh mêngkono ||

18. lamine tan kawuwus | Rahadèn Jaka pinundhut sunu | anglurahi wadya wiratantamèki | kasubagèng rat pinunjul | mangkana wau sang katong ||

19. muwuhi wadyanipun | wira tantama[36] kang patang atus | pinundhutan sutaning mantri bupati | wong padesa nurut gunung | kalêbu yèn wus kinaot ||

20. jinajal sadaya wus | mangkana wau ingkang winuwus | kocap wontên wong Kêdhu wismane Pingit | wong gumêdhug têguh timbul | kumêdul katiban towok ||

21. binêdhil gundhulipun | tan ana dhèdhèl siji kang rambut | mimis timah luluhe kadi gulali | anama pun Dhadhung Awuk | kaliwat saking akêdhot ||

22. sabarang braja pupug | nora tumama mring Dhadhung Awuk | arsa manjing

--- 224 ---

wadya wiratantamèki | dhêdhapurane asaru | tan pantês cêlak ing katong ||

23. darojog praptanipun | Rahadèn Jaka Tingkir angrungu | lamun arsa manjing wiratantamèki | jinajal ing karsanipun | dene nèng jawi wus kalok ||

24. ingawe nyêlak sampun | sinuduk sadak Ki Dhadhung Awuk | jaja bêncah niba lajêng angêmasi | angêjèpi kancanipun | sadak kinarya anggoco ||

25. tatune ajur mumur | sangkin awuwuh ing kalokipun | digjayane sira Radèn Jaka Tingkir | ana wong têguh atimbul | sinuduk ing sadak losoh ||

26. ing lami-lami katur | lamun Ki Jaka Tingkir anyuduk | wong atêguh sinuduk sadak ngêmasi | bêncah jajanira têrus | samirsanira sang katong ||

27. wong arsa manjing iku | wira tantama jinajal lampus | pan sakala niring trasna[37] asêsiwi | Sultan Dêmak langkung bêndu | tyasira kalangkung gosong ||

28. jaja malatu-latu | padoning lathi anggung kumêdut | Kyana Patih Wanasalam dèn timbali | wus praptèng byantara prabu | asru ngandika sang katong ||

29. hèh apatih sirèku | apa ta nora mulat angrungu | ing sarune tingkahe Si Jaka Tingkir | anglunas tanpa dosèku | ngalasakên prajaningong [pra...]

--- 225 ---

[...janingong] ||

30. iya tundhungên gupuh | ana ing alas bae kang patut | nora pantês wong mêngkono nèng nagari | siji aja wèhi batur | dimène pinangan ing mong ||

31. andaka mesandanu | miwah dipôngga warak lan sênuk | wus mangkana muga ta sang ratu ngadil | paring yatra limang atus | ya ta ngandika sang katong ||

32. paringna diyat iku | marang warise iya kang lampus | kang pinatèn iku wong Kêdhu ing Pingit | nuli mêtua dèn gupuh | kyana patih sêmbah miyos ||

23. Mijil

1. Patih Wanasalam praptèng jawi | panggih sang wiranom | dhinawuhkên nênggih timbalane | dika tampi dukane rama ji | anggèr dipun aglis | andika tinundhung ||

2. botên kalilan ngancik nagari | timbalan sang katong | Radèn Jaka sandika ature | dhuwungira ingaturkên nuli | kancanira sami | sadaya wêtu luh ||

3. lajêng saking pasowan sang pêkik | sumaput kang panon | sarwi rumimèng bau kampuhe | Patih Wanasalam duk ningali | rêmpu ing tyas rujit | angadhuh abêkuh ||

4. datan sagêd ngambêngi[38] duka ji | atêmah wirangrong | miwah wong wira tamtama kabèh | kawigaran gugur barang kardi | samya dahat sêdhih | sih ing lurahipun ||

5. ngidul ngetan lampahe sang pêkik | sangking praja

--- 226 ---

momor | lir sinampirakên sarirane | lêsu lêsah syuh ing tyas kaswasih | lêpasing lumaris | praptèng wana Gubug ||

6. arsa mantuka dhatêng ing Tingkir | tyasira kacangkol | bilih ngèmbèti marang ibune | dadya nêmah matiyèng wanadri | nêmbing jurang bangbing | gronging gugur gunung ||

7. lami dènnya tilar tadhah guling | nèng wana sang anom | pinggir kali kalingan pêpèrèng | rompok rumput sor rampal arumpil | maruta mararis | mangêb singub-singub ||

8. tambuh solahnya sira sang pêkik | amikire keron | kuwur karantan rêmpu ring tyase | kadya mèt marga marganing pati | pringganing wana grit | rinok mamrih ripu ||

9. mawantah ring taksaka mêrpati | mangang nèng parangrong | wus cinandhak bujôngga janggane | pinrih manaut mangatrêpati | sarpa gêng lumindhih | tan lumawan ing yun ||

10. tinut anglès sira tanpa nolih | lumayu pan anglos | Radèn Jaka kepon kaku tyase | sarpa sinuwèk muka katarik | rêkatak mring pêthit | rinêntêng rinampung ||

11. tanpa sesa sarpa sarira nir | mulat ing lor kulon | pragalba gêng gul-agul gorarèh | makrura mangrêbut marêpêki | anggro manggrêrang grit | anggrêgut anggangsur ||

--- 227 ---

12. dyan manêmpuh parêng rok makait | kuwat sru mangwangson | silih ukih apêngkuh kalihe | kakah-kakahan kukuh tan kokih | sira Jaka Tingkir | anêpak anapuk ||

13. kang mong kontal katampèl kapilis | kapalêsat ing doh | muka mêkar katimpal katampèl | kapanduk kras pangarasan kèris | karêsrês kaèksi | pragalba wus lampus ||

14. duk muk moyang awêngi wana writ | gora gra pringga wor | Radèn Jaka kiyu kuwayone | sarira marlupa lupèng bukti | gumuling gumlinting | soring taru-taru ||

15. anglês ngênês kêkês tyas amingkis | kasangsayèng kepon | mêlêk kapêlak amrih lampuse | alimutan lali ta nglimputi | prapta maruta ris | riris awor lesus ||

16. gumuruh gra gora gêgêtêri | kadyarga wraksa sol | sêmpal papal kaparapal rame | anglir ginênjong agonjang-ganjing | gênjot graning wukir | roara gumuntur ||

17. manêmpuh prahara ori wrêrit | kyèh dhadhal kabêdhol | gurnita tur gêntêr patrê dhèdhèt | kumarasak sumrak erawati | pracalita tarik | angrok kuwur-kuwur ||

18. pamèng gora bayubajra pati | pataka kadyandon | durnimintaning krura rampase | tapis taru-taru ron ruma

--- 228 ---

ring | kumentar kentaring | pracôndha cumandhuk ||

19. ambêlasah mangrèh bosah-basih | gumêgêr liru nggon | gumulung kang galinggang sumèlèh | salah sumaladhang kanan kèri | pokah puh kapalih | rubuh kabarubuh ||

20. horêg gumrêbêg anggêgirisi | giras sato bêrod | ubyung mabyungan jro wana kabèh | maputrêran patêr mêratani | katawêng sawêngi | mawonêng mangukung ||

21. bangun sang pêkik kadya pinêtik | rêktèng wetan katon | riris aris maruta arèrèh | wungu pungun-pungun sang apêkik | mawantah tumitih | mantuh lampahipun ||

22. pringganing marga tumpês katapis | sarpa andaka mong | walêr sangkêring wana tilase | nabrang wukir Kêndhêng ngidul prapti | ing Jatimadya ris | wontên kang kapranggul ||

23. padanir [39] wukir kaparèng kali | kalingan lêlengkong | Ki Gêdhe Butuh nênggih lampahe | tanpa rewang arsa anglurugi | ajar kari siji | anèng gunung Bêluk ||

24. kayogya para parêng kapering | ki gêdhe anguwoh | hèh mandhêga sira kuwe rare | tanpa rowang anèng ing wanadri | kèndêl marêpêki | ki gêdhe andulu ||

25. jaiting netra lêlêkêraning | wadana kang tinon | sira iku kêna ingsun badhe |

--- 229 ---

sêsikutan mirib kakang swargi | Ki Agêng ing Pêngging | rêmpêk ing pamulu ||

26. nanging pidêksa pêkik sirèki | sausap mung kaot | sarwa sêdhêng dhapurira kabèh | kajêng kakang kadhuwurên kêdhik | sumaura aglis | ing ngêndi wijilmu ||

27. sumaur mèsêm inggih ing Pêngging | kang mêningi wêrtos | kula amung mêningi cature | Kyai Agêng kênonga sêsiwi | Ki Butuh nulya glis | kang putra rinangkul ||

28. ya pagene sira anèng ngriki | kang putra turnya lon | wus tinutur kabèh sapolahe | amimiti [40] malah amêkasi | angungun miyarsi | Ki Agêng ing Butuh ||

29. ingkang putra wus kinawa[41] mulih | prapta munggèng suro | Ki Gêdhe Ngrang ingutusan age | praptèng Butuh wus dèn pituturi | yèn têtilarnèki | kang raka rumuhun ||

30. Kyai Gêdhe Kênonga ing Pêngging | dyan rinangkul gupoh | lir pawèstri Ki Êrang tangise | ing nguni têtinjo mring sirèki | mring Pêngging wus sêpi | wakira kang mundhut ||

31. ginawèng bunira maring Tingkir | wus eca tyas ingong | mêngko sira jêbule mangkene | dèn narima titahing Hyang Widdhi | jamak bakal luwih | papa kawitipun ||

32. ing jaman roh pêpasthèn pinanci | sadurunge miyos | pêpasthène wus dadi ginawe | nêmu papa aja êsak sêrik |

--- 230 ---

Ki Jaka miyarsi | ing rèh sipat madu ||

24. Dhandhanggula

1. Ki gêdhe kalihnya wus angênting | pamulange marang Radèn Jaka | pratingkah bênêr lupute | tuna dungkaping laku | laku ala lan laku bêcik | nêngên kalawan ngiwa | andhap miwah luhur | Ki Jaka wiwit graita | pan kaduwung solahe ing nguni-uni | èstu tan kalêrêsan ||

2. tuwin pratingkah kang para nabi | nabi ingkang ngiras dadi raja | miwah nabi bae-bae | tinutur sadaya wus | lêlakone sawiji-wiji | miwah ratu satriya | ing nguni kang sampun | kawilang ing kautaman | kang wus dadi pratingkah têpa palupi | ing kaluhuranira ||

3. wajib tinula tinali-tali | barang tindak yèn tan ngambah madya | adoh sangking utamane | yêkti nistha tinêmpuh | satêmahan jinis lan iblis | Radèn Jaka miyarsa | ing rèh kang satuhu | ngaduwung kang wus kaliwat | pratingkahe tan ana kang bênêr siji | awit graita tuwa ||

4. wus winisik ing rèh madêg aji | kalih wulan nèng Butuh Ki Jaka | nulya kinèn wangsul ngalèr | bokmanawa dinangu | dening Sultan Dêmak anuli | kawruhan durung têbah | yèn nora dinangu | nadyan sira nyêlabranga | aja adoh sangking Tingkir sangking Pêngging | manawa ingulatan ||

--- 231 ---

5. sigra ngujung mring kang paman kalih | nguswa suku sira Radèn Jaka | lajêng lampahe mangalèr | prapta ing Dêmak sampun | jawi kitha mêlingkên aglis | akathah cêcolongan | panggih lurahipun | tanya bilih Sultan Dêmak | wus andangu kancane atur pawarti | yèn dèrèng sapunika ||

6. tyasira lit Radèn Jaka Tingkir | pamit mring kônca nutugkên moyang | prasamya sawas pature | inggih wus pitung tangsu | nanging sampun paduka nêbih | mêsat saking Bintara | praptèng Pêngging dalu | dêdagan kuburing rama | cinarita sawêg angsal kawan latri | nulya miyarsa swara ||

7. hèh sirèku ayyanggung prihatin | balik nuli sira angungsia | angidul angetan kene | ngèngèra wong dhêdhukuh | kidul wetan ing Gêtasaji | sak rèhe lakonana | Buyut Banyubiru | dene olih duduh sira | nulya kagyat awungu dyan Jaka Aglis | dènnya anis anamar ||

8. santanane tan wontên udani | Radèn Jaka angidul angetan | mring Banyubiru jujuge | dhukuh pinggiring gunung | kidul wetan ing Gêtasaji | wontên wong amartapa | Buyut Banyubiru | sami-sami Sêlam anyar | ragi bantêr ki buyut dènnya martapi | sinung ilhaming tingal ||

9. nênggih wontên kang winuwus malih | sami

--- 232 ---

wayahira Brawijaya | katawur saênggèn-ênggèn | duk bêdhah Majalangu | Radèn Jômbalika angili | anèng wukir Dumilah | pan ing wukir Lawu | nanging mêksih laku Buda | lami-lami umangsuk agama sukci | pakaryane martapa ||

10. Radèn Jômbalika asêsiwi | nênggih akêkasih Ki Mas Mônca | wantêr tapa maksih rare | bagus suwananipun |[42] sura tilar ing tadhah guling | sampun ingambil anak | mring Ki Banyubiru | Mas Mônca dinama-dama | salamine wantêr tilar tadhah guling | anèng Banyugêdhahan ||

11. wus winulang jaya wijayanting | Ki Mas Mônca nèng Banyugêdhahan | ki buyut iku karsane | ingudi maring tuwuh | dene trêrah ing Maospait | supayane antuka | pratêloning wahyu | nanging ki buyut waspada | ing pêpancèn satriya sawiji-wiji | ki buyut nora samar ||

12. ingkang putra pinêthèk pribadi | mung tibane ngêmbani kewala | nora dadi ratu dhewe | Ki Buyut Banyubiru | pamêtike mring putranèki | kinèn narimèng titah | sukur ring Hyang Agung | dadi patih pira-pira | alah silih kurambyangan tanpa dadi | patih angur dadia ||

13. kyai buyut buka rahsa gaib | kulup ingkang bakal ratunira | kari

--- 233 ---

rong dina praptane | ana ing Banyubiru | wusnya tigang wulan nèng ngriki | kari saparon kênthang | jumnênge ratu |[43] pan ingsun milu angreka | mrih rikate adêge sri narapati | besuk kêkuthèng Pajang ||

14. iya lamun uwis ambênêri | parênging wêktu tibaning môngsa | kulup têka gampang bae | sira kang among besuk | karatone sudibya sêkti | wingit tur kinajrihan | ing parangmuka wuk | yèku trah Andayaningrat | kakang adhi lan sira nging tuwa kêdhik | Mas Karèbèt namanya ||

15. ingkang putra anarimèng wangsit | ya ta wusnya prapta ing antara | Ki Jaka Tingkir praptane | nèng dhêkah Banyubiru | pan sinungga-sungga tan sipi | sampun ingangkên putra | mring sira ki buyut | kinadang lan Ki Mas Mônca | sawusira nêtêpi ing tigang sasi | anèng Banyugêdhahan ||

16. kyai buyut amardi ing wangsit | pangatage marang kang putrangkat | adhuh anggèr wus sêdhênge | môngsa tibaning wahyu | angatona anggèr dèn aglis | mring ramanira Sultan | ing Dêmak amupung | rêndhêng ngadhaton Parwata | iki pan mèh kondure marang nagari | kadya anganti sira ||

17. ingsun nyawa iya kang gawani | sarat masrut kang dadi jalaran | Sultan Dêmak pamawuhe | lêmah timbulaningsun | lolohêna ing kêbo benjing | angamuk tanpa

--- 234 ---

lawan | Sultan Dêmak kuwur | tan ana kang nguwisana | pra prawira kèh picondhang nandhang kanin | gègèring pasanggrahan ||

18. purwanira dinangu sang aji | Sultan Dêmak kadya sayêmbara | patine andhanu anggèr | Mas Amônca sirèku | aja pisah rina lan wêngi | kalawan kakangira | kalih sami nuhun | Ki Buyut ing Banyugêdhah | akèn karya gèthèk nganak putunèki | dene ingkang pinatah ||

19. tinumutkên marang radèn kalih | wuragile Buyut Banyugêdhah | kalawan pulunanane | Ki Majasta puniku | Jaka Wila sutanirèki | Ki Buyut ing Majasta | mring Ki Banyubiru | apan kadange panênggak | wuragile gih puniku Ki Wuragil | kinèn tumut amonga ||

20. saparane Radèn Jaka Tingkir | aja pisah dadya wong sakawan | wus samakta karya gèthèk | santosa wus abakuh | mêdal lèpèn Dêngkèng umilir | mangkat Rahadèn Jaka | saking Banyubiru | Ki Buyut pangatêrira | pinggir lèpèn Dêngkèng miwah ingkang rayi | Ki Buyut ing Majasta ||

21. Buyut Banyubiru wanti-wanti | pamisike marang Radèn Jaka | wusnya numpak kali Dêngkèng | anjêlèh Kyai Buyut | Banyugêdhah nênga wiyati | wus milir gèthèkira | Ki Majasta tumut |

--- 235 ---

sawusnya ungkur-ungkuran | ingkang milir ing Majasta sampun prapti | kèndêl ing tigang dina ||

22. nèng wismane Buyut Majastèki | anulya mangkat milir mangandhap | Ki Majasta ngatrêrake | Jaka Wila puniku | pinitungkas lan Ki Wuragil | dèn bêcik aja pisah | lan gustinirèku | wangsul Dêngkèng Ki Majasta | kang umilir wong sakawan pan lêstari | kêkalih ngagêm satang ||

23. Jaka Wila lawan Ki Wuragil | anyatangi radèn kalih samya | ingkang angagêm wêlahe | ayêm ing lampahipun | wusnya anjog bêngawan picis | milir anèng bêngawan | aris iliripun | ing pukul pat mêndhung prapta | cinarita riris lawan maruta ris | kêkês ayêm kang lampah ||

24. mêndhung tumiyung kadya mayungi | wus andungkap wau lampahira | anjog ing kêdhung srêngenge | cinarita ing ngriku | punang gèthèk mubêng tan milir | nênggih ratuning baya | kayanganing ngriku | angadhaton kêdhung surya | baya putih Ki Baurêksa namèki | balane ambêbegal ||

25. Patih Jalumampang kang angirid | prajurite kalih atus baya | gêgujêg ing gèthèk gêbèl | toya kadya kinêbur | langkung rame dènira jurit | kacatur Mas Amônca | prakosa atêguh | mèh sami lan Radèn Jaka | prawirane undha-usuk

--- 236 ---

nora têbih | kasuran kadigjayan ||

26. cinarita ramening ajurit | Radèn Jaka kang aprang jro toya | lan Baurêksa ratune | pira-pira kang bajul | kag tinumpês kasor ing jurit | ratune baya pêthak | kasor prang anungkul | balane wus kathah pêjah | panungkule jangji pajêg bajul siji | ing sabên-sabên warsa ||

27. ingkang aprang nèng jabaning warih | Mas Amônca unggul yudanira | Jalumampang ing patine | sinabêtakên kayu | bajul pitung puluh kang mati | dene Ki Mas Amônca | kang kari malêdug | sami lumayu sasaran | kang lumayu angungsi ratunirèki | kapranggul Radèn Jaka ||

28. ngungsi urip awêkasan pati | Radèn Jaka nèng kadhaton baya | kadi wisma dharat bae | pitulunging Hyang Agung | anjurungi mring Jaka Tingkir | mangkana sampun mêntas | sangking jroning banyu | bêkta bajul kawan dasa | Baurêksa ngaturi ngatrêkên milir | nyôngga ing gèthèk samya ||

29. sangking kêdhung baskara wus milir | datan mawi amêlah anyatang | eca rikat pamilire | prapta babahgan[44] Butuh | samya sayah rahadèn kalih | kuwayon dènira prang | aripe kalangkung | samya kèndêl gèthèk samya | wus ingugêr rahadèn prasami guling |

--- 237 ---

arip sarowangira ||

30. cinarita Jumungah marêngi | lingsir wêngi sangking lèr kang cahya | nalika wahyu dhawuhe | muncar kadya andaru | manjing marang dyan Jaka Tingkir | waridah ing karajan | wus angalih pulung | pulungira Sultan Dêmak | nganti sangat mring putrangkat Jaka Tingkir | eca panendranira ||

31. Gêdhe Butuh prawira marêngi | asru ginugah agahan |[45] wus winangsit ing êsite | sampun binêkta mantuk | ingisenan raja pakarti | lawan nagara krama | myang sandikara wus | lawan Ki Gêdhe ing Ngêrang | wus animbul muwuhi kawijayanti | traping pranata marta ||

32. kinèn aja rusuh ing ciptane | yèn amriha ramanira sultan | rusaka egal [46] sedane | iku cipta kang rusuh | nora patut wong dadya aji | pan ramanira sultan | agêng trêsnanipun | pan sira pinutra-putra | lamun sultan suruda kita gumanti | têdhanên ing Hyang Suksma ||

33. dèn angungsêd nênêdhèng Hyang Widdhi | kang agawe bumi langit Allah | jinaluk maring kang gawe | sedane rama prabu | gumantia marang sirèki | nêdya angaubana | mring têtilaripun | pan aja kongsi kauban | maring para putra ing Dêmak jalwèstri | cipta dèn aubana ||

34. suksmanira jroning badan iki | sira adua lan suksma purba |

--- 238 ---

iku nunggal pakartine | yèn sira anjêjaluk | mring Pangeran ing tyasirèki | kang kaprah ingkang wadhag | tangèh nora jêbul | apan jatining Pangeran | luwih sangking lêmbut jinumput tan kêni | norarah nora prênah ||

35. wus amrênah ana ing sirèki | sukmanira môngka juru basa | amor ing sih saèsthine | yya mandhêg aja darung | tuna liwat kurang patitis | sayakti tan tumaka |[47] panjalukirèku | yèn was-was nora jinawab | pan kadohan tan tutug ing prênahnèki | angèle wong nênêdha ||

36. sinung rakit panêdha kang rêpit | sinarapat sangking ing makripat | rinikat ing kakhekate | wutah Kiyai Butuh | mring kang putra dyan Jaka Tingkir | wusnya nêlas winulang | mangusapi suku | sangking ing Butuh umangkat | wong sakawan numpak ing gèthèk wus milir | milir lir linayaran ||

37. pan sakêdhap lampahe sang pêkik | praptèng tindak ginêthok gèthèknya | kang bajul kèndêl lampahe | ngandika radèn bagus | bajul kinèn mulih manginggil | marang kêdhung baskara | mêntas sang abagus | nèng dhusun Bulu winastan | ingalihkên ing tindak namane mangkin | mêgatruh lampahira ||

--- 239 ---

25. Mêgatruh

1. Radèn Jaka pêparentah maring bajul | wus padha muliha aglis | mring kêdhung surya sirèku | sun mari lumakyèng warih | wiwit dharat bae ingong ||

2. sigra bajul anusung pating kacêbur | mèt suguh samargi-margi | bajul kang kamargan suguh | mring dutane ratunèki | satingkahe wus kadya wong ||

3. ya ta wau lampahira sang abagus | angalèr ngilèn lêstari | ing Majnang marginipun |[48] ing Garobogan dèn jogi | cêlak pawarta kulon ||[49]

4. cêlak sangking pasanggrahan sang aprabu | tunggangan Parwata wukir | pasanggrahan lir kadhatun | pan sabên rêndhêng sang aji | nèng Parwata angêdhaton ||

5. yèn katiga ing Dêmak dènnya ngadhatun | dadya ngadhaton kêkalih | mangkana wau sang prabu | wus têrang mangkya sang aji | arsa kondur angadhaton ||

6. maring Dêmak undhang kaping tiga wurung | kadya wontên kang dèn anti | wau ta ingkang kawuwus | sira Radèn Jaka Tingkir | kalawan sarowangnya wong ||

7. anèng wana ngupaya maesa dhanu | wusnyantuk dipun lolohi | lêmah sangking Banyubiru | kêbo nuli kirig-kirig | mobat-mabit bêkas-bêkos ||

8. anjênggilêng kipat-kipat agêgambul | ginêtak maring sang pêkik | kêbo jênggirat wus maprung | marang ing Parwata wukir | anjog [anjo...]

--- 240 ---

[...g] pasanggrahan katong ||

9. lajêng ngamuk agambul asru anumbuk | kagyat sagung para mantri | kêbo prakosa angamuk | pondhokan dèn obrak-abrik | gègèr malêdug punang wong ||

10. tinadhahan ing gêgaman akèh rêmpu | gumuruh swaraning jalmi | kadya prawata gumuntur | wadya lit samya angungsi | ing pasanggrahan sang katong ||

11. kagegeran wadyanira sang aprabu | prawira tantama mijil | papagên ing kêbo ngamuk | ginênti sawiji-wiji | karo tangan nabok kêbo ||

12. wus adate ijèn wira tantamèku | karo tangan amatèni | ing banthèng maesa dhanu | lumrah wadya tantamèki | kadigdayane anabok ||

13. sabên-sabên pêpathak maesa sumyur | nora kongsi amindhoni | ing mangke maesa têguh | nora karasa binithi | tuwin tinapuk tinabok ||

14. tantamane ingundha sinundhang timbul | siningat nora ngênèni | ingundha kombul tumimbul | kumêdul wêtênge sami | tuhu yèn sami kinaot ||

15. sakancane nora pasah dening sungu | lêsahe dèn uli-uli | dadya katur ring sang prabu | kinêrig kang pra dipati | kêbo ngamuk kinèn bendrong ||

16. ing

--- 241 ---

ing sanjata lêmbing pasêr miwah busur |[50] rumagang kang pra dipati | sawadya mangsah angrubut | binêdhilan nora osik | rêmpu lêmbing ganjur waos ||

17. sangkin galak pangamuke wuru liwung | angundha anênumbuki | rusak balane sang prabu | akathah ingkang ngêmasi | miwah kanin ting balosor ||

18. dadya katur Sultan Dêmak langkung bêndu | cinatur wus tigang bêngi | yèn surup kêbo lumayu | mring wana enjinge bali | ngamuk ngobrak-abrik pondhok ||

19. wadyanira kang pra dipati malêdug | mangkana sri narapati | têdhak pribadi nèng panggung | wadya tantama nèng ngarsi | gêgam kabèh maleyot ||[51]

20. ing nalika Jaka Tingkir praptanipun | lampahe malipir baris | apan kadya andêdulu | wong papat ingkang angiring | sangking pêpanggungan katon ||

21. Sultan Dêmak tan samar awas andulu | hèh jêbad ika Si Tingkir | ingkang ngiring wong têtêlu | iya ingsun nora pangling | lah warahên sutaningong ||

22. apa wani sun adu lan kêbo ngamuk | kang prakosa ambêg julig | mantriningsun akèh lampus | yèn silih nguwisi kardi | bisa nyirnakakên kêbo ||

23. sun apura iya ing sadosanipun | sigra jêbad awotsari | lumayu prapta gènipun | dhodhok asru

--- 242 ---

dènira ngling | dhawuhkên timbalan katong ||

24. anggèr dika tampi timbalan sang prabu | punapa andika wani | ingadu lan kêbo ngamuk | lamun anggèr anyampuni | angapurèng rama katong ||

25. Radèn Jaka sandika ing aturipun | sampun mênggah kêbèh[52] siji | awêwaha pitung atus | kawula datan gumingsir | lamun timbalan sang katong ||

26. jêbad wangsul matur yèn kang putra saguh | sang nata sigra ngundhangi | ing wadya surak gumuruh | sarta monggang sampun muni | ing kèrinira sang katong ||

27. Patih Wanasalam wetan ênggènipun | ngungkung kodhok ngorèk muni | lor kulon pra dipatyagung | gumuruh kêndhang gong muni | kang maesa giro-giro ||

28. anjênggirat mobat-mabit bikus-bêkus | mangsah Radèn Jaka Tingkir | mêndha pan mring ngarsa prabu | ingawe sinasmitani | magut anêrajang kêbo ||

29. kêbo mulat pinaran umangsah gapruk | ingundha-undha sang pêkik | kombul rong landhehan muluk | tibane gulu dèn goni | anyêkêli sungu karo ||

30. pan ingundha-undha karakêt sang bagus | nèng gulu ginobag-gabig | ginawa gulung gumulung | kukuh radèn anyêkêli | tan obah

--- 243 ---

sayah kang kêbo ||

31. kadya guntur surak gora rèh gumantur |[53] astanira sang apêkik | têngên maksih nyêkêl sungu | kang kiwa malembak narik | butute[54] maesa jêbol ||

32. kêbo nglênggak mêtu lêmah Banyubiru | maesa pêjah gulinting | mulat sang nata angguguk | nyata prawira Si Tingkir | tatag tangguh sutaningong ||

33. tinêtêgan bubaring kang baris agung | pra dipati nêningali | maesa jisime katur | binayang ngarsa nrêpati | gawok mulat gênging kêbo ||

34. ingantukkên radèn kalurahanipun | prawira tantama malih | wuwuh sihira sang prabu | wadya sampun dèn undhangi | sang nata bubar ngadhaton ||

35. marang Dêmak sampun têrag udanipun | mantri sêkawan nênggani | kadhatonira ing gunung | Parwata rêndhêng dèn goni | sapraptanira sang katong ||

36. ing kadhaton Dêmak tan lami sang prabu | ngundhangi wadya prasami | sang nata arsa lêlaku | mring Carêbon amondhongi | maring sang pandhita kaot ||

37. Sèh Malaya dêrapon têtêpa iku | anèng ing Dêmak nagari | nadyan sabên sasi rawuh | tur arang nèng wismanèki | karêp atunggu sang katong ||

38. nanging datan awisma Dêmak sang wiku | ing Carêbon dalêmnèki | Kalijaga dhukuhipun | mila arsa dèn pondhongi [po...]

--- 244 ---

[...ndhongi] | mring Dêmak pamrih sang katong ||

39. katênggaa ing sarintên dalunipun | mring kangjêng sinuhun kalih | budhalira sang aprabu | sangking ing Dêmak nagari | lancaran rong lêksa kang wong ||

40. cinarita kapondhongan sang awiku | nuruti wismèng awanti | pinarnah ing Ngadilangu | dhukuh awon kang pinilih | dening sang wiku makuwon ||

41. sampun pacak dhêdhukuh nèng Ngadilangu | kathah murid atut wuri | wus gêmah ing Ngadilangu | mangkana ingkang winarni | têpung uluring cariyos ||

42. ingkang wajib ing pratingkah Kangjêng Rasul | pan ingkang winuri-wuri | nutur apêsing lêluhur | kinarya sêsêdhêp manis | dadi laku andhap asor ||

43. yèku narik ing drêrajat maring luhur | anak putu buri-buri | ajana nyimpêni iku | apêse lêluhurnèki | kacacad ing tekad batos ||

44. anêtêpa ugungan anggung gumugung | tan wruh kalonglongan asil | sudane darajatipun | ing kaol sampun amangsit | wong duwe laku mêngkono ||

45. kaya wêdhi malela tumumpang watu | itêm ginitik ing angin | sumyur katawur sumawur | nora bisa ipil-ipil | kabacikan[55] dadi asor ||

46. Utamane wong nutur apêsing

--- 245 ---

luwur | rina wêngi ipil-ipil | kabêcikan dadi luhur | saturun-turune dadi | antuk martabat kinaot ||

47. duk Ki Agêng ing Sêsela kang winuwus | nalikanira tinampik | manjing wiratantamèku | jinajal dipun ayoni | dèn adu banthèng tinabok ||

48. sirah pêcah banthèng muncrat polonipun | tinapuk sapisan mati | sumyuring sirah rah mancur | Ki Agêng Sela ngengoni | ing gêtih ingkang mancorot ||

49. kadêngangan mring Sultan Dêmak andangu | pagene têka ngengoni | Ki Jêbèng Sêsela iku | umatur mila ngengoni | bok kêni rah kang mêncorot ||

50. duk miyarsa Sultan Dêmak langkung bêndu | balèkêna ingsun tampik | manjing wiratantamèku | iku wong atine tipis | wêdi gêtih têka mengo ||

51. langkung merang Ki Agêng Sêsela mantuk | praptèng Sela kumpul baris | eling tunggal darahipun | ngumpulkên kaprabon jurit | watara nêm atus kang wong ||

52. sakawula wrêraga sêntananipun | wong tuwa-tuwa ngaturi | wong samèntên soroh amuk | môngsa dadosa salilit | mungsuh lan Dêmak Sang Katong ||

53. datan kêni ingampah ki agêng sampun | saking Sêsela lumaris | dènnyarsa asoroh amuk | gumrêgut [gumrêgu...]

--- 246 ---

[...t] sawadyanèki | wuwusên wau sang katong ||

54. Kyana Patih Wanasalam aturipun | putra tuwan Sela prapti | tinampik sak manahipun | manjing wiratantamèki | arsa ngrabasèng palugon ||

55. Sultan Dêmak mèsêm angandika arum | bnêr jêr bapakne nênggih |[56] nak sanak iya lan ingsun | padha milu anduwèni | ing Jawa waris karaton ||

56. Kyana Patih Wanasalam dèn agupuh | undhangna kang pra dipati | mirea paseban kidul | poma aja na ngadhangi | poma dêdimèn praptèng jro ||

57. wadya wira tantama kang kawan atus | sêdaya rinante sami | bangsal pangapit gènipun | mung lurah dyan Jaka Tingkir | rinante ngarsa sang katong ||

58. Sultan Dêmak wus munggèng pangrawitipun | amung parêkan lan cèthi | kang angayap sang aprabu | sampun angagêm jêmparing | datan luwih amung roro ||

59. bedhoripun pan sami angudhup mênur | nora nêdya amatèni | eling kaponakanipun | ratu utama nyabari | pan namung amrih pikapok ||

60. tan antara Ki Agêng Sêsela rawuh | nagara kapanggih mamring | lajêng marang alun-alun | prajurit ingkang turanggi | wontên satus ngayab kang wong ||

61. Dharatira tan atêbih [a...]

--- 247 ----

[...têbih] wurinipun | Ki Agêng Sêsela prapti | longlongkang waringin kurung | Sultan sigra anjêmparing | pathaking kuda cumêplos ||

62. pan anglumba pinindho jêjilingipun | ngulêr kilan mobat-mabit | bingung mengkal padha batur | rusuh kuda kathah sami | gumarubyug bandhang bêrod ||

63. gègèr dening busêkan turangganipun | bali pan bandhange sami | mêdal jaban alun-alun | tan kobêr ngrêksa têtali | gêgamane sami runtoh ||

64. sarta sami pangrasane kang lumayu | binujung ing pra dipati | marma sangsaya malêdug | mantuk mring Sêsela sami | wuwusên wau sang katong ||

65. animbali Patih Wanasalam rawuh | sakancane pra dipati | tarap ing ngarsa sang prabu | wadya wiratantamèki | inguculan rantenya wong ||

66. Sultan Dêmak ngandika gumujêng guguk | nora lidok ujar mami | Ki Jêbèng Sêsela mau | nyata yèn atine tipis | nora bisa dadi katong ||

67. sapa wêruh ing sawuri-wurinipun | samêngko ingsun jodhèni | nora bisa dadi ratu | angrêngkuh ing tanah Jawi | pangudine tanpa dados ||

68. tan kawarna laminira sang aprabu | sangsaya agênging kang sih | lurah tantama rinêngkuh | sampun pinaringan putri | kambil mantu mring sang katong ||

69. cinarita nênêm putrane [pu...]

--- 248 ---

[...trane] sang prabu | pambayunipun pawèstri | apan antuk putranipun | Ki Agêng ing Sampang nênggih | kang pinèt asmarèng katong ||

26. Asmarandana

1. Pangeran Langgar namèki | nuntên panênggake priya | wontên dene kêkasihe | Pangeran Arya Prêwata | nuntên ari wanodya | diwasa wus krama antuk | Pangeran ing Kalinyamat ||

2. arine pan èstri malih | kang nama Mas Ratu Kambang | pinindho antuk Carêbon | apanggih sanak ing sanak | nuntên arine ika | putri malih kakalap sampun |[57]

dening lurah tantama ||[58]

3. nênggih Radèn Jaka Tingkir | arine malih pan priya | Pangran Timur kêkasihe | jangkêp nênêm putranira | èstri ingkang sakawan | kêkalih kang putra jalu | panênggak lawan pamêkas ||

4. mangkana Dyan Jaka Tingkir | sampun kinulawisuda | tinanêm ing nagri Paos | anama Dipati Pajang | kinèn ambakalana | sawêg cacah kawan èwu | anênggih nagari Pajang ||

5. sabên warsa sang dipati | dènira sowan mring Dêmak | wus lami langkung indhake | arjane nagari Pajang | sampun asugih bala | cacahe awuwuh-wuwuh | wibawa Dipati Pajang ||

6. ingkang kinarya prajèki | sawetan Pêngging punika | sangking Butuh kidul kulon | ing sabên taun [tau...]

--- 249 ---

[...n] dèn êlar | nênggih nagari Pajang | langkung sangking arjanipun | ajinawi loh apajang ||[59]

7. datatita linging nguni | Sultan Dêmak duk sumalah | ing Pajang kang kawiraos | sasedane Sultan Dêmak | mawantah lêbda sura | sadaya apan kinêlun | nagari kang tumut Dêmak ||

8. mancanagara pasisir | sapangilèn sapangetan | miwah ing Kêdhu Pagêlèn | sadaya urut Banyumas | pan wus binêbêg lama | sumuyud sadaya anut | seba sumawitèng Pajang ||

9. datan wontên ingkang wani | mungmpang[60] parentahing Pajang | samya jrih kadigdayane | timure Dipati Pajang | kasub sampun prawira | mangkyarsa umadêg ratu | rinêngkuh satanah Jawa ||

10. amung bupati satunggil | ipenira nak ing sanak | Pangeran Seda ing Lèpèn | ingkang raka Sultan Dêmak | punika kapêputra | sampun tinanêm rumuhun | duk kang paman Sultan Dêmak ||

11. wontên ing Jipang nêgari | Pangeran Arya Pênangsang | punika taksih pakewoh | dèrèng purun asebaa | marang Dipati Pajang | nanging ta botên ginêpuk | pinrih emute kewala ||

12. Pajang adêge nrêpati | lan putune Sultan Dêmak | tri lunga mônca bumine |[61] parênge sang lawanira | ing Pajang wus angrêbda | karya kêkojor

--- 250 ---

pinanggung | munggul baluwêrtinira ||

13. tinanêm bupati mukmin | putra Dêmak kang panênggak | Sunan Parwata namane | kukub salêksa ing Dêmak | Susunan ing Parwata | datan darbe manah masgul | kang rayi jumnêng nata ||[62]

14. lawan ingkang rayi malih | putra wuragil ing Dêmak | Dèn Mas Timur kêkasihe | binêkta marang ing Pajang | dene sang adipatya | sampun tinanêm Madiun | dènira Dipati Pajang ||

15. tutug kalareyanèki | kandhane Sang Natèng Pajang | malih mangsuli cariyos | Kyai Agêng ing Sêsela | nênêm sadhèrèkira | ki gêdhe kapitunipun | kang nênêm sami wanodya ||

16. ingkang asêpuh pribadi | Kyai Agêng ing Sêsela | apan iku pambarêpe | kang rayi èstri sadaya | sampun sami akrama | dènnya kêkadang apatut | wus adhêkah sowang-sowang ||

17. mangsuli carita malih | Kyai Agêng ing Sêsela | kang dadi pangaubane | kadang kadeyan sadaya | sangêt pangabêktinya | taklim dhatêng sanak sêpuh | pan kinarya panêmbahan ||

18. pakartine asêsabin | kang adhêkah ing Sêsela | punika panggaotane | agaga lawan sêsawah | têtanêmane kathah | dados sandhang têdhanipun | anamadi [ana...]

--- 251 ---

[...madi] wong Sêsela ||

19. ya ta udan riwis-riwis | Kiyai Agêng Sêsela | dhatêng ing pasabinane | wayah sadèrènging ngasar | datan amawi rowang | ya ta pacule dèn pikul | sapraptane pasawahan ||

20. nulya amêmacul sabin | lagyangsal tigang kêcokan | sêmana prapta gêlape | rupa kaki-kaki ika | ya ta nulya cinandhak | swarane muni jumêgur | tan ucul panyêkêlira ||

21. pan arupa kaki-kaki | kang gêlap nulya binônda | tan obah ing têtaline | akarsa ingaturêna | mring Kajêng Sultan Dêmak | sêmana kang dadi ratu | ing tanah Jawa punika ||

22. sigra lumampah tumuli | Ki Agêng dhatêng ing Dêmak | sarta ginawa gêlape | datan kawarna ing marga | sampun prapta ing Dêmak | sampun katur ing sang prabu | yèn ki agêng atur gêlap ||

23. sang nata suka ningali | ing warnane punang gêlap | arupa kaki-kakine | linêbokakên kunjara | wêsi kang punang gêlap | ya ta ingundangkên sampun | ajana asuka toya ||

24. jêjêl kang wong aningali | agawok ingkang tumingal | maring ki gêlap warnane | lan sami ngalêm sadaya | mring Ki Agêng Sêsela | katog sêkti rosanipun | pratôndha anyêkêl gêlap ||

25. ya ta

--- 252 ---

ana gêlap èstri | anênonton kaki gêlap | arupa nini-ninine | andhêpès anèng panjara | sarwi ambêkta toya | sasiwur munggwing ing bêruk | wong akèh tan ana wikan ||

26. ya ta wau jaluk warih | kaki gêlap tan sinungan | maring sakèhing nanonton | ajrih undhange sang nata | ya ta sang nini tuwa | angulungi banyu bêruk | tinampan maring ki gêlap ||

27. nuli ingumbe tumuli | kang toya mring kaki gêlap | sarêng kalêbu toyane | anulya mêsat ki gêlap | jumêgur swaranira | kunjara wêsi wus mawur | kang gêlap pan sampun sirna ||

28. mantuk kayangane malih | kaki gêlap nini gêlap | mapan ta barêng lungane | mulih dhatêng angsalira | ya ta ingkang kocapa | Ki Agêng Sêsela wau | sampun mantuk wismanira ||

29. wontên ta kocapa malih | anênggih dhêdhalang Prawa | Ki Bicak ika wastane | dhêdhalange Sultan Dêmak | amèn dhatêng Sêsela | cinatur rabine ayu | punjul saking ing ngakathah ||

30. lanang wadon angrasani | rabine dhêdhalang Prawa | dene ta ayu rupane | sami angalêm sadaya | sakèhe kang tumingal | ya ta awêsana katur | dhatêng Ki Agêng Sêsela ||

31. pawèstri dipun tingali | dhatêng Ki

--- 253 ---

Agêng Sêsela | sêmana giwang manahe | mulat ing suwarnanira | karsa dinamêl garwa | saksana ing enjingipun | pinêpêk sawong Sêsela ||

32. dhêdhalang kinèn mêjahi | pan rinêbat rabinira | pêpêk wong Sêsela kabèh | dhêdhalang Prawa wus pêjah | kinêmbulan ngakathah | sampune Ki Bicak lampus | bêndhene lan rabinira ||

33. katur sadayane sami | mring Ki Gêdhe ing Sêsela | miwah ringgit lan bêndhene | ya ta bêndhe tiningalan | sarêng wau katingal | punang kêkêmpul pinundhut | mring Ki Agêng ing Sêsela ||

34. kalangkung rêsêp ing ati | punang bêndhe winastanan | Kiyai Bicak wastane | kabêkta araning dhalang | sasampuning mangkana | apan mantun karsanipun | maring rabine Ki dhalang ||

35. sampune Ki Bicak kêni | kalangkung sukane nala | sangking pamawaning bêndhe | apan mantun darbe karsa | mring rabine ki dhalang | wus lami mangke winuwus | punang bêndhe ingèstrènan ||

36. dening Susunan ing Kali | yèn bêndhe dadi têngrêran | sapa ingkang duwe bêndhe | pinasthi dadi narendra | bêndhe têngrêran yuda | sêkti yudane tur unggul | yèn bêndhe muni angangkang ||

37. mangkana malih winarni | Kyai Gêdhe ing Sêsela | sêmana ananêm [a...]

--- 254 ---

[...nanêm] waloh | nuju mongmong putranira | anyamping cindhe ika | nanging tan amawi sabuk | sarya ngêmban ingkang putra ||

38. tansah dèn aring-aringi | putrane ingkang ingêmban | nulya miyarsa swarane | gègèr ing jawi sêmana | alok wong ngamuk ika | ki gêdhe gya arsa mantuk | asèlèh ing putranira ||

39. kang ngamuk kasêlak prapti | ngarsane Kyagêng Sêsela | nulya anêmpuh sirage | nuduki tan taha-taha | Ki Gêngdhe ing Sêsela | tiba kasrimpêt wit waluh | sarya lumungsur nyampingnya ||

40. kêbat ki agêng atangi | kang putra sinèlèh ika | sampun asingsêt nyampinge | kang ngamuk winalês agya | tinabok kapisanan | Ki Agêng kala sinuduk | tan busik wulu salômba ||

41. sawusing wong ngamuk mati | samana Kyagêng Sêsela | apan nibakkên wiraos | ing besuk sapungkur ingwang | satêdhak-têdhak ingwang | aja na kang nanêm waluh | lawan aja na kang mangan ||

42. lan wêwalêr ingsun malih | ya satêdhak-têdhak ingwang | aja na kang nyamping cindhe | sapunika gancarira | kang kalêbêt ing babad | mangkana datan winuwus | wau ingkang kawarnaa ||

43. sampuning alami-lami | kyai gêdhe putranira | nênggih

--- 255 ---

pêpitu kathahe | kang nênêm sami wanodya | nênggih jalu satunggal | apan ta wuragilipun | kang miyos jalu punika ||

44. pan sampun sami akrami | wau kang putra sadaya | wus asalu panti dhewe | sami dhêkah sowang-sowang | atut dènnya kêkadang | apan kathahe pêpitu | kang putra Ki Gêng Sêsela ||

45. pambajêngipun anênggih | Nyai Gêng Lêlurung têngah | anadene panggulune | nênggi[63] Nyai Gêng ing Saba | anuli arinira | Nyai Gêng ing Bangsri iku | anuli arine ika ||

46. nênggih Nyai Gêng ing Jati | anuli arine ika | Nyai Gêdhe ing Patanèn | anuli malih arinya | anênggih kang anama | Nyai Agêng Pakis Dadu | wuragil jalu kang nama ||

47. anênggih Ki Agêng Ênis | punika ayun pratela | kang tinutur sajarahe | mangkana ta cinarita | Nyai Gêdhe ing Saba | pan kêkalih putranipun | jalu kalawan wanodya ||

48. ingkang asêpuh pawèstri | kang anom jalu winarna | Kiyai Juru wastane | mangkana abêbesanan | Nyai Gêdhe ing Saba | awarang besan sadulur | aja kapara ing doha ||

49. kang putra Ki Agêng Ênis | awasta Ki Pamanahan | pan sampun pinanggihake | lawan putrane kang uwa |

--- 256 ---

Nyai Gêdhe ing Saba | kaprênah ipe Ki Juru | kalawan Ki Pamanahan ||

50. mangkana winarna malih | amangsuli ing carita | ingkang cinatur arine | Kyai Gêng Gêtas Pandhawa | èstri sampun akrama | punika ingkang winuwus | wasta Nyai Gêdhe Ngêrang ||

51. darbe putra jalu pêkik | kalangkung inguparêngga | sampun mêpêg biraine | pan sampun apalakrama | asih pakramanira | mangkana aputra jalu | wus akrama kinasihan ||

52. awasta Ki Agêng Pathi | punika wus apêputra | Ki Panjawi kêkasihe | warnanya bagus anawang | saya alama-lama | Ki Panjawi kang winuwus | kaambil putra dènira ||

53. dhatêng Ki Agêng ing Ênis | wus kadi gèning ayoga | sampun manjing sadulure | kalawan Ki Pamanahan | lir kadi tunggil yayah | wus kadya saduluripun | saèsthi saeka praya ||

54. marminipun Ki Panjawi | kalawan Ki Pamanahan | ingaranan sadulure | tunggal saibu sarama | ingkang dèrèng uninga | anadene Kyai Juru | ipene Ki Pamanahan ||

55. karsane Ki Agêng Ênis | wong têtiga aja pisah | Ki Juru kaponakane | Ki Panjawi sanak misan | pan dadi dulurira |

--- 257 ---

saparanira aruntut | datan kêna apisaha ||

56. wong têtiga sarêng ngaji | mring Susunan Kalijaga | pan sami tunggal paguron | lawan Adipati Pajang | nanging kantun priyôngga | ya ta jiniyad ing guru | Dipati Pajang taruna ||

57. prasami kalangkung asih | aruntut dènnya sêsanak | Dipati Pajang karsane | Ki Agêng Ênis ngaturan | dadia panêmbahan | ing Pajang sinêpuh-sêpuh | sinung dhêkah ing Lawiyan ||

58. sêmana Ki Agêng Ênis | adhêdhêkah ing Lawiyan | ya ta ingkang putra karo | Ki Panjawi Pamanahan | asuwita ing Pajang | angsal pangawulanipun | pan sami kinakang- kakang ||

59. milane kalangkung asih | Sang Adipati ing Pajang | mring Kyagêng Ênis putrane | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru katiganya | kang sami anunggil guru | lawan Adipati Pajang ||

60. angguru mring Sunan Kali | tan pisah tiyang têtiga | sakawan Dipati Paos | marmine kinakang-kakang | Panjawi Pamanahan | sapunika gancaripun | Ki Juru mongmong kewala ||

61. ucapên Ki Agêng Ênis | kang dhêdhêkah ing Lawiyan | sêmana puput jênênge | mantuk ing karamatulah | sinare ing Lawiyan | kang putra kalih winuwus | Ki Panjawi Pamanahan [Pamanah...]

--- 258 ---

[...an] ||

62. sumiwitèng Pajang olih | anglurahi wong tantama | dipati kalangkung sihe | Ki Panjawi Pamanahan | pan ingakên sudara | ingandêlakên ing kewuh | ambaurêksa nêgara ||

63. kala sêmana winarni | dipati dèrèng pêputra | kang dêrman akèh putrane | anênggih Ki Pamanahan | kathah atmajanira | nênggih kathahe pêpitu | kang sami jalu lêlima ||

64. ingkang pawèstri kêkalih | jangkêp pêpitu pinetang | tan wikan sêpuh anème | duk sêmana sinêngkalan | kang seda ing Lawiyan | rupa naga warna ratu[64] | ing Pajang lwir guladrawa ||

27. Dhandhanggula

1. Kang jalu gangsal èstri kêkalih | atmajanira Ki Pamanahan | kang sami jalu putrane | anênggih Radèn Bagus | lawan malih Rahadèn Santri | ingkang satunggalira | wasta Radèn Jambu | lan malih ingkang anama | Radèn Tompe lan Radèn Kadhawung nênggih | jangkêpipun lêlima ||

2. dening putra pêpitu anênggih | pambajêng Radèn Jambu punika | Radèn Bagus panggulune | nênggih pandhadhanipun | kang anama Rahadèn Santri | Radèn Tompe panêngah | kang warujunipun | Radèn Kadhawung namanya | sampun jangkêp gangsal pawèstri kêkalih | ingkang sami taruna ||

--- 259 ---

3. janggêp[65] gangsal èstri kang kêkalih | pitu putrane Ki Pamanahan | kalawan malih kandhane | kang nama Radèn Bagus | pan pinupu putra anênggih | dhatêng Dipati Pajang | kala timuripun | linêbokkên panakawan | sêmut gatêl karakêt asaba puri | ingandêl alit mila ||

4. kadi putra gènira ayogi | apan dipati dèrèng pêputra | karya lanjaran wiyose | ngangkên putra pambayun | warnanira lêwih apêkik | Radèn Bagus kang nama | mapan mêksih timur | awor lawan panakawan | sêmut gatêl sigêgên datan winarni | ucapên ing carita ||

5. wontên gênti kang winuwus malih | Susunan Kudus ingkang winarna | kang ginuron ing wong akèh | bupati para ratu | puruhita datan gumingsir | Susunan ing Prawata | angguru ing Kudus | lan malih Ki Arya Jipang | anèng Kudus guru Sunan Kudus nênggih | sumungkêm patakonan ||

6. nanging Susunan Prawata nênggih | amalih kapti ing patakonan | kêkalih ing pagurone | dhingin Susunan Kudus | kaping kalih Susunan Kali | ya ta aris ngandika | Susunan ing Kudus | dhumatêng Ki Arya Jipang | lah ta kaki apa ukumipun ugi | wong ngalapdho upama ||

7. Ki Arya Jipang matur ngabêkti | inggih ukumipun pinêjahan |

--- 260 ---

tiyang ngalapdho kawruhe | wangsul amba ayun wruh | sapa sintên tuwan raosi | ri saksana ngandika | Susunan ing Kudus | kakangira ing Prawata | apa rane iku ora malih kapti | matur Ki Arya Jipang ||

8. inggih punapa ingantos malih | apan ukumipun pinêjahan | Susunan Kudus dêlinge | sapa ingkang sumanggup | Arya Jipang matur ngabêkti | yèn wontên pangandika | kawula kang sanggup | angukumakên ing pêjah | ing pun kakang Susunan Kudus ngajani | lah payo lêkasana ||

9. Arya Jipang wuwuse adhêmit | duk angawe lurah kajinêman | ingandikan ning ngarsane | pun Rangkud wastanipun | lah mêyanga[66] Prawata aglis | cidranên patènana | pun Rangkud wotsantun | lah inggih gusti sandika | nuli mangkat datan kawarna ing margi | wus prapta ing Prawata ||

10. Sunan Prawata gêrah alinggih | alendhehan maring grahanira | nuli pun Rangkud dhatênge | tinakèn tan asantun | paran karsanira mariki | pun Ragkud atur sêmbah | kawula ingutus | anyidra dhatêng paduka | angandika Susunan Prawata nênggih | lah sira lêkasana ||

11. anging aja angèmbèt-èmbèti | Rangkud kang ingsun jaluk ing sira | amung awak ingsun dhewe | pun Rangkud narik [nari...]

--- 261 ---

[...k] dhuwung | nulya goco têrus ing gigir | anêrus ingkang garwa | sajrone tan emut | Si Rangkud cidra wasana | milanipun dhuwung Ki Bêthok tinarik | kajinêman sinawat ||

12. sangking ampuhing dhuwung ngênani | pun Rangkud kêna ing kêmbang kacang | ukur kabêsèr tatune | niba Ki Rangkud lampus | ya ta wau sarêng ngêmasi | Susunan ing Prawata | lawan garwanipun | tangis lir pendah ampuhan | sinangkalan guna yaksa warna nabi[67] | Prawata kèh karuna ||

13. mila Arya Jipang andhatêngi | amêjahi Sunan Prawata |[68] apan mangkana kandhane | Arya Jipang karuhun | ingkang rama dipun pêjahi | mring Sunan ing Prawata | dening kang ingutus | awasta Ki Surayata | amêjahi kang rama Ki Arya nguni | pinanggih ing dêdalan ||

14. kala kang rama Ki Arya dhingin | têdhak sangking asalat Jumungah | ginarêbêg sawadyane | liwat karêtêg agung | Surayata mangkya ngadhêpi | sampun narik curiga | aglis nuli nuduk | datan amindhoni seda | pêjah nglèpèn Ki Surayata anuli | cinêkêl sinudukan ||

15. sapunika kandhane rumiyin | pêjahipun Ki Arya kang rama | ing mangke winuwus malèh | sedaning kang Sinuhun | ing Prawata gumêr kang tangis | miwah kang para putra [pu...]

--- 262 ---

[...tra] | sêsambate asru | akathah yèn kawarnaa | ingkang layon apan sampun dèn sirami | sunan wus ingastana ||

16. kang tan lila sadhèrèke èstri | arinira Susunan Prawata | mas Rêtna Kalinyamate | nêdha ukum mring Kudus | lampahira apan sarimbit | wus prapta ing ngayunan- | nira Sunan Kudus | matur Ni Mas Kalinyamat | milanipun kawula dhatêng ing ngriki | anêdha ukum tuwan ||

17. inggih pun kakang dipun pêjahi | dene utusane Arya Jipang | inggih punapa ukume | angling Susunan Kudus | sayêktine wong utang pati | winalês pinêjahan | iku ukumipun | Ni Mas Ratu Kalinyamat | nulya mantuk wruh ujar yèn tan sayêkti | ujar sangking Susunan ||

18. Ki Arya Jipang ngadhang ing margi | lakinipun Ni Mas Kalinyamat | kang dipun arah patine | pinêgat ing dalanggung | kinarubut sampun ngêmasi | anangis lara-lara | sira Ni Mas Ratu | dhingin tinilar ing kadang | kaping kalih mangke tinilar ring laki | apan kinaniaya ||

19. datan mantuk ing Dêmak nagari | banjur atapa wukir satata | ing Danaraja gununge | ênggènira amangun | kasubratan amati

--- 263 ---

ragi | dadya tapa amuda | rema karya pinjung | sangêt ambantêr sarira | sawarnine têtilare kang sawargi | pan satata ginawa ||

20. ni mas rêtna mangke pasanggiri | ing benjang iya ingsun asinjang | lamun wus ana belane | patine lakiningsun | atanapi sadulur mami | padha kinaniaya | sahid patini |[69] pan ingsun tan arsa sinjang | lamun durung ana sanggup amatèni | maring Si Arya Jipang ||

21. yèn ta ana asanggup matèni | Arya Jipang pan wis ujar ingwang | ingsun ngèngèri ing têmbe | nuli ingsun apinjung | lamun Arya Jipang ngêmasi | pan salamènaneya | ingsun nora pinjung | lamon durung olih bela | ya ta muni gêntêr patrê anauri | gumêr ing awang-awang ||

22. sêmana apan sampun alami | dènnya tapa wukir Danaraja | kalangkung dening merange | wau ta Ni Mas Ratu | Kalinyamat datan winarni | nênggih ingkang kocapa | Susunan ing Kudus | dawêgira sinewaka | dening sakathahipun para bupati | Arya Jipang nèng ngarsa ||

23. rêrêmbagan pan agunêm sami | kang wus lalis Pangeran Prawata | lan Pangran Kalinyamate | ngandika Sunan Kudus | lah Ki Jêbèng sira sun tari | ing sapatine ika | kakangira iku | ing Prawata Kalinyamat | pan wus lawas ing mêngko pangrasa mami |

--- 264 ---

durung enak tiningwang ||

24. yèn sira durung madêg nêrpati | andhèwèki ingsun durung lêga | ing tyas iya sayêktine | nanging pangrasaningsun | lamon sira madêga aji | maksih ana kang malang | wani mring sirèku | iya Dipati ing Pajang | ingkang yogya akarsa madêg nêrpati | padha kalawan sira ||

25. watêking padha karêpe ugi | nora wande atêmah apêrang | ing Pajang lan Jipang têmbe | lan malih duganingsun | yèn ing Pajang maksiha urip | môngsa sira tulusa | dera madêg ratu | Ki Arya Jipang tur sêmbah | yèn mangkatên ing mangke ta kados pundi | ing karsa Jêng Susunan ||

26. yèn sawawi lan sang siniwi |[70] nênggih nagari Pajang punika | ing mangke kula gêpuke | sampun dados pakewuh | datan wande punika benjing | amakèwêdi lampah | Susunan ing Kudus | asru dènira ngandika | lah Ki Jêbèng sayêktine karsa mami | aja kongsi mangkana ||

27. yèn pêranga dadi ngrusa[71] nagri | wong cili yêkti akathah pêjah | lah apa ta wêkasane | yèn dene karsaningsun | payo pinrih dipun adhêmit | sira priha lan cidra | dèn ajana wêruh | lah sira amêmataha | kang prayoga kajinêman kang mêkasi | nyidra Dipati

--- 265 ---

Pajang ||

28. ya ta Dipati Jipang sira glis | akarsa sira anglampahana | saandikane gurune | sigra nimbali sampun | kajinêman kang tau titi | kathahipun sakawan | pra wignya ing kewuh | tate nyidra para nata | kapat pisan wus sami tampi wêwêling | ingatag dhatêng Pajang ||

29. gya lumampah tan kawarnèng margi | sampun prapta nagari ing Pajang | ing têngah wêngi praptane | arsa manjing kadhatun | kandhêg pigir[72] bata ainggil | ajinya duk winatak | pagêr bata niyup | ingusap bata wus mêndhak | tan antara kajinêman kapat sami | wus manjing jroning pura ||

30. Dipati Pajang wau winarni | apan kapanggih eca anendra | miwah kang para rabine | aguling sami ngêpung | munggwing dagan myang kanan kèri | lêbêting kajinêman | sêmana wus waruh[73] | ing prênah Dipati Pajang | tan antara kapat sarêng anuduki | kagyat kang para garwa ||

31. sarêng uninga pan sami anjrit | para garwa nanging sang dipatya | tan ngulisik eca sare | para garwa pan umung | panangise sêsambat sami | wênèh nungkêmi pada | ing panyananipun | narka yèn sang gusti lina | marminipun para garwa lara nangis | ya ta sang Adipatya ||

32. kagyat ginurumung para rabi | nulya awungu dènnya anendra | ya ta alon andikane |

--- 266 ---

ana apa sirèku | dene têka padha anangis | matur kang para garwa | dhuh gusti pukulun | wau tuwan omba tarka | nandhang brana dening sinudukan maling | malah ngong narka lina ||

33. dening tuwan datanpa ngulisik | marmine amba anarka lina | sang adipati wuwuse | lah damarana gupuh | kaya maksih kang punang maling | durung lunga sing wisma | nèng jro dalêm ingsun | sigra sinulêt kang damar | dalêm agung saksana dipun damari | pandung kapanggih nglungsar ||

34. kapat sami andhepok ing siti | datan wontên sagêd anggulawat | papat sami lumpuh kabèh | sangêt patobatipun | pan lumaku dipun uripi | pan sami tinakenan | wau punang pandung | dening Adipati Pajang | hèh ki maling ingsun atanya sayêkti | sapa kèngkèn ing sira ||

35. umatur alon kang punang têlik | kawula matur yêkti ing tuwan | lampah kawula wiyose | nênggih ingkang angutus | inggih raka andika gusti | kang nama Arya Jipang | kinèn nyidra dalu | ulun kinèn mêjahana | ing paduka nanging mangke ulun iki | anuhun inguripan ||

36. ulun agêgêbal padukaji | Dipati Pajang alon ngandika | iya tarima ngong gêdhe | mring

--- 267 ---

prasêtyanirèku | anging sira ingsun kon mulih | padha sira matura | mring gustinirèku | maling papat wus ginanjar | arta kathah sarta padha pinisalin | sigra tinundhung sira ||

37. lah padha sira muliha aglis | dèn akêbat manawa konangan | dening mantriningsun kene | kang padha langlang dalu | yêkti sira nêmahi pati | sigra sami wotsêkar | kajinêman mantuk | datan kawarna ing marga | byar raina prapta ing Kudus nagari | marêk ing gustinira ||

38. sakawan sarêng matur ing gusti | tuwan sampun ulun kalampahan | rèh ulun paduka kèngkèn | amêndhêt pêjahipun | Adipati Pajang anênggih | lampah ulun katulak | langkung yitnanipun | Dipati Pajang punika | dahat wêgig sadalu ulun tênggani | kongsi dhatêng raina ||

39. kawula tan kenging manjing puri | mila ulun umantuk punika | ing siyang kathah samare | yèn sawawi pukulun | Adipati Pajang ing mangkin | punika ingapusan | yèn sambadèng kayun | lamon botên mangkatêna | ulun dugi kadi tan kenging ing pati | nênggih Dipati Pajang ||

40. amiyarsa aturing kang têlik | apan kèmêngan ing manahira | atur uninga karsane | dhatêng Susunan Kudus | Arya Jipang yèn têlik prapti | pan sampun botên [bo...]

--- 268 ---

[...tên] kêna | cinidra ing lampus | iya Dipati ing Pajang | Arya Jipang samana arsa tur paksi | mring Sunan Kudus sira ||

41. sigra anuli sira Dipati | ing Jipang seba manjing jro pura | wus panggih lawan gurune | iya Susunan Kudus | Arya Jipang matur wotsari | kawula tur uninga | dhatêng sang sinuhun | utusan kawula prapta | sangking Pajang inggih botên antuk kardi | punapa karsa tuwan ||

42. lah kadospundi ing daya malih | yèn suwawi kalayan paduka | lêhêng ingapusan mangke | tinimbalan pukulun | darapon dhumatêng èng ngriki | sinandi rêrêmbagan | ing ngèlmu rahswèku | Susunan Kudus ngandika | yèn mêngkono iya sira sun turuti | sun kongkonane uga ||

43. sigra Susunan Kudus nimbali | pangalasan sêksana winêkas | mangkana ing wêwêkasane |[74] lah timbalana gupuh | putraningwang Sang Adipati | ing Pajang dèn akêbat | maringa ing Kudus | warahên yèn rêrêmbugan | kang rinêmbug agunêm rasaning ngèlmi | kang kinon sigra nêmbah ||

44. wus umangkat lampahe lêstari | tan kawarna ing marga wus prapta | ing Pajang kadhaton age | apan sampun acundhuk | lan Dipati Pajang ing mangkin | sakathahe wong jaba | sami pêpêk sampun |

--- 269 ---

utusan matur anêmbah | pan kawula puniki sang adipati | ingutus rama dika ||

45. Jêng Susunan ing Kudus anênggih | jêngandika apan ingandikan | dhatênga ing Kudus age | ingajak rêmbug ngèlmu | ngèlmu rasa kang dèn raosi | andika ingantosan | mring rama pukulun | ya ta Adipati Pajang | gupuh-gupuh manahira dèn timbali | dhatêng ing gurunira ||

46. Ki Pamanahan lan Ki Panjawi | kêbat anjawil mring sang dipatya | Pajang atur pelinge |[75] raos amba pakewuh | kados dede ujar sayêkti | ing pandamêl punika | ngraosana ngèlmu | raose manah kawula | kados tunggilipun pandung praptèng nguni | nadyan tuwan tindaka ||

47. nanging ta dipun prayitna ugi | para mantri sami andhèrèka | myang para prajurit kabèh | sadaya sampun kantun | ya ta rêmên sang adipati | mirsa ing aturira | Pamanahan wau | sigra kang mantri sadaya | tinimbalan miwah kang para prajurit | sampun samya busana ||

48. ri sampunya pradandanan sami | nanging sakathahing kêkapalan | binêkta dhingin lampahe | dening sakathahipun | ingkang sami alampah baris | miwah ingkang adharat | pan kinèn sumusul | wus bubar sang adipatya | sakapraboning ajurit datan kari | lan prawira sadaya ||

49. putrane [pu...]

--- 270 ---

[...trane] Ki Pamanahan uni | kang pinêndhêt dhatêng sang dipatya | sampun diwasa wayahe | kawawi ngêmbat lawung | saya sangêt sih sang dipati | wus kinarya lêlurah | panakawan wau | sarta sinungan pêparab | Radèn Angabèi Loring Pasar nênggih | ngakên putra kawitan ||

50. apan kalangkung dipun kasihi | prênahe datan kêna atêbah | wus utamèng wêwadine | sigra wau lêstantun | lampahira sang adipati | tan kawarna ing marga | wus prapta ing Kudus | kang duta wus tur uninga | yèn Sang Adipati ing Pajang wus prapti | Sunan Kudus ngandika ||

51. lah sira timbalana glis |[76] putraningsun Adipati Pajang | lah konên nêmoni age | mring jêbèng Pajang iku | alah iya warahên mangkin | ingsun wiyosi ika | yèn wus padha rawuh | pêpêk sakèh putraningwang | ya ta sampun Arya Jipang dèn timbali | sigra anuli dandan ||

52. sampun prayitna angati-ati | apan punika uwiting karya | marmane datan asuwe | sakèh prawiranipun | pêpêkan wus wangsiting kardi | Arya Jipang saksana | paseban wus rawuh | ya ta Adipati Pajang | pan asuwe praptane ngantos ing jawi | angantosi timbalan ||

53. timbalane Susunan dèn anti | sigra prapta wau kang utusan |

--- 271 ---

andhawuhkên timbalane | dawêk kinèn tumanduk | Dipati Jipang kang manggihi | pinarêka paseban | andika karuhun | ing mangke yèn sampun pêpak | pra dipatya susunan mangke tinangkil | miyosi jêngandika ||

54. sigra tumanduk angati-ati | Dipati Pajang miwah rahadyan | ngabèi ika lampahe | tan têbah prênahipun | Pamanahan Ki Panjawi |[77] samya ngampingi sira | lampahe wus rawuh | ing bangsal pacarabaan | Dipati Pajang ayun-ayunan linggih | lawan Ki Arya Jipang ||

55. Arya Jipang wau aningali | dhatêng Dipati Pajang prasamya | lirik-linirik tingale | dangu tan ana muwus | Arya Jipang angacarani | jêngandika katuran | ing sarawuhipun | alami têmên kawula | tan pêpanggih kalawan andika adhi | mung mangke kaparêngan ||

56. tambung lampah kawula ki adhi | dhuwung kang pundi kangge punika | kang kawangking ing wurine | Dipati Pajang muwus | inggih dhuwung kawula lami | pun Carubuk punika | ing panyiptanipun | Ki Arya Jipang mangkana | sok kênaa dhuwungira sun tingali | pasthi sira pralaya ||

57. Ki Arya Jipang amuwus malih | pundi adhi kawula yun wikan | dhuwung andika warnine | ya ta dhuwung ingunus | Pamanahan kêbat anjawil | sung pèngmut [pèngmu...]

--- 272 ---

[...t][78] mring dipatya | aprayitna sampun | dhuwung sampun tinampanan | adipati kêbat cêcothèn tinarik | sarwi sira ngandika ||

58. puniki dhuwung kula pramati | kalangkung dening rêmên kawula | dening wus katon damêle | mèsêm sarya amuwus | Arya Jipang inggih puniki | pênêd tingal kawula | Natèng Pajang muwus | nadyan sami apênêda | kantun mandi punika luwange dhingin | sok cècèla palêstra ||

59. Sunan Kudus saksana umijil | uninga yèn sami narik katga | Sunan marani dan linge | iki apa karêpmu | dening padha anarik kêris | apa rêp balantikan | apa ojol[79] dhuwung | lah wus padha sarungêna | ora bêcik iku uga dèn tingali | dhuwung sinungkên agya ||

60. ingkang dhuwung sampun dèn tampani | sampun manjing ing sarunganira | Ki Arya Jipang dêlinge | baya ta durung kontung | gèn agawe rôngdha ing mangkin | Dipati Pajang mojar | durung parêng ingsun | arêp wèh pakaning gagak | Sunan Kudus ngandika alah ta uwis | jêbèng sampun dinawa ||

61. balik padha patuta sirèki | ajana wong kang asalah driya | padhantuk kanugrahane | arêmbuga sirèku | lan sakèhing para bupati | dening ing mêngko sira | padha ingsun tundhung | lah

--- 273 ---

padha masanggrahana | dening yèn wus pêpêk kang para bupati | sira padha sun undang ||

62. payo padha rêrêmbugan ugi | ya ta kalih sarêng atur sêmbah | Ki Arya Jipang sira ge | nulya bubar rumuhun | Adipati Pajang anuli | bubar lumakyèng wuntat | ya ta prapta sampun | pinggir kali masanggrahan | wong ing Pajang kang adharat sami prapti | miwah sakèh gêgaman ||

63. sadaya wus pamondhokan sami | atata magêr sari akapang | sakilèn kali prênahe | Ki Arya Jipang wau | pondhokira wetaning kali | bangawan Sore ika | wastane kang ranu | kasaput i[80] dalu ika | Adipati ing Pajang dèrèng aguling | wau Ki Pamanahan ||

64. ya ta matur ngaturi upaksi | inggih kawula miyarsa warta | êmbok andika wartine | Kalinyamat Sang Ratu | sasedane inggih kang laki | myang sedane kang raka | Pangran Prawatèku | kalangkung prihatinira | agring kapit malah atilar nagari | tapardi Danaraja ||

65. gènnya atapa muda kang warti | êmbok jêngandika Lèpèn Nyamat | tan arsa asinjang mangke | benjing arsa apinjung | yèn pun Jipang wontên matèni | punika tur kawula | yèn andika rêmbug | raka dika tinilikan | bilih kêni pinituturan kayakti | ya ta dipati

--- 274 ---

Pajang ||

66. kalangkung lêga wau kang galih | mirsa ature Ki Pamanahan | dipati anulya age | akarsa tilik wau | mring kang êmbok sawêngi mangkin | sigra nulya lumampah | ingkang atut pungkur | Ki Panjawi Pamanahan | katigane sira Rahadèn Ngabèi | kapat Dipati Pajang ||

67. lampahira kalangkung adhêmit | tan kawarna ing marga wus minggah | ing arga praptèng korine | ngundang parêkan rawuh | sang adipati wus atur wêling |[81] lah ta sira matura | mring kang êmbok ratu | yèn ingsun iki kang prapta | arsa marêk kang winêling tumulya glis | mring jro mijiling tawang ||


udyani (kembali)
udyani
sinapih (kembali)
sinapih
Kurang satu suku kata: laku ajar ing alami-lami (kembali)
Kurang satu suku kata: laku ajar ing alami-lami
ingobong (kembali)
ingobong
kantênan (kembali)
kantênan
Kurang satu suku kata: jêjêl-jêjêl sabên Jumungahe (kembali)
Kurang satu suku kata: jêjêl-jêjêl sabên Jumungahe
sangkin (kembali)
sangkin
mirungga (kembali)
mirungga
Kurang satu suku kata: ing bênêre barang rèh nganggo pracaya (kembali)
Kurang satu suku kata: ing bênêre barang rèh nganggo pracaya
10 Kurang satu suku kata: bênêre nganggo pracaya (kembali)
Kurang satu suku kata: bênêre nganggo pracaya
11 Lebih satu suku kata: Ki Gêdhe Tingkir miyarsa (kembali)
Lebih satu suku kata: Ki Gêdhe Tingkir miyarsa
12 sang (kembali)
sang
13 nadyan (kembali)
nadyan
14 mangsah (kembali)
mangsah
15 Kurang satu suku kata: lèr wetaning dalêm pakuburanira (kembali)
Kurang satu suku kata: lèr wetaning dalêm pakuburanira
16 pinggir (kembali)
pinggir
17 Kurang satu suku kata: rêmên sinau aringgit (kembali)
Kurang satu suku kata: rêmên sinau aringgit
18 Kurang satu suku kata: nuju Jumungah ing latri (kembali)
Kurang satu suku kata: nuju Jumungah ing latri
19 Lebih satu suku kata: kayon sajroning wanadri (kembali)
Lebih satu suku kata: kayon sajroning wanadri
20 Kurang satu suku kata: arêbah samya sinèrèd (kembali)
Kurang satu suku kata: arêbah samya sinèrèd
21 gawok (kembali)
gawok
22 Widhi (kembali)
Widhi
23 mêlèk (kembali)
mêlèk
24 Kurang satu suku kata: sampun ajêrih ing ngèlmu (kembali)
Kurang satu suku kata: sampun ajêrih ing ngèlmu
25 malih (kembali)
malih
26 Kurang satu suku kata: tan alami jênêngira (kembali)
Kurang satu suku kata: tan alami jênêngira
27 Kurang satu suku kata: jumênêng Sultan Dêmak (kembali)
Kurang satu suku kata: jumênêng Sultan Dêmak
28 Kurang satu suku kata: atmaja jumênêng patèh (kembali)
Kurang satu suku kata: atmaja jumênêng patèh
29 Kurang satu suku kata: iya bênêr iku nyawa (kembali)
Kurang satu suku kata: iya bênêr iku nyawa
30 Kurang satu suku kata: suwita mring Sultan Dêmak (kembali)
Kurang satu suku kata: suwita mring Sultan Dêmak
31 Kurang satu suku kata: apijêr amantun gaga (kembali)
Kurang satu suku kata: apijêr amantun gaga
32 angantèni (kembali)
angantèni
33 Kurang satu suku kata: satadhah busananipun (kembali)
Kurang satu suku kata: satadhah busananipun
34 Kurang satu suku kata: miwah santana samya alulut (kembali)
Kurang satu suku kata: miwah santana samya alulut
35 liwat (kembali)
liwat
36 tamtama dan di tempat lain (kembali)
tamtama dan di tempat lain
37 trêsna (kembali)
trêsna
38 mambêngi (kembali)
mambêngi
39 padaning (kembali)
padaning
40 amiwiti (kembali)
amiwiti
41 ginawa (kembali)
ginawa
42 suwarnanipun (kembali)
suwarnanipun
43 Kurang satu suku kata: jumênênge ratu (kembali)
Kurang satu suku kata: jumênênge ratu
44 babagan (kembali)
babagan
45 Kurang dua suku kata: asru ginugah agah-agahan (kembali)
Kurang dua suku kata: asru ginugah agah-agahan
46 enggal (kembali)
enggal
47 tumêka (kembali)
tumêka
48 Kurang satu suku kata: ing Majênang marginipun (kembali)
Kurang satu suku kata: ing Majênang marginipun
49 Kurang satu suku kata: cêlak Parwata kang kulon (kembali)
Kurang satu suku kata: cêlak Parwata kang kulon
50 Lebih satu suku kata: ing sanjata lêmbing pasêr miwah busur (kembali)
Lebih satu suku kata: ing sanjata lêmbing pasêr miwah busur
51 Kurang satu suku kata: gêgaman kabèh maleyot (kembali)
Kurang satu suku kata: gêgaman kabèh maleyot
52 kêbo (kembali)
kêbo
53 gumuntur (kembali)
gumuntur
54 buntute (kembali)
buntute
55 kebêcikan (kembali)
kebêcikan
56 Kurang satu suku kata: bênêr jêr bapakne nênggih (kembali)
Kurang satu suku kata: bênêr jêr bapakne nênggih
57 Lebih satu suku kata: putri malih kalap sampun (kembali)
Lebih satu suku kata: putri malih kalap sampun
58 Kurang satu suku kata: dening lêlurah tantama (kembali)
Kurang satu suku kata: dening lêlurah tantama
59 apanjang (kembali)
apanjang
60 mumpang (kembali)
mumpang
61 Sengkalan: tri lunga mônca bumine (1503 A.J.). (kembali)
Sengkalan: tri lunga mônca bumine (1503 A.J.).
62  Kurang satu suku kata: kang rayi jumênêng nata (kembali)
Kurang satu suku kata: kang rayi jumênêng nata
63 nênggih (kembali)
nênggih
64 Sengkalan: rupa naga warna ratu (1484 A.J.). (kembali)
Sengkalan: rupa naga warna ratu (1484 A.J.).
65 jangkêp (kembali)
jangkêp
66 mênyanga (kembali)
mênyanga
67 Sengkalan: guna yaksa warna nabi (1453 A.J.). (kembali)
Sengkalan: guna yaksa warna nabi (1453 A.J.).
68 Kurang satu suku kata: amêjahi Susunan Prawata (kembali)
Kurang satu suku kata: amêjahi Susunan Prawata
69 Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 6u, sahid patinipun (kembali)
Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 6u, sahid patinipun
70 Kurang satu suku kata: yèn sawawi lawan sang siniwi (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn sawawi lawan sang siniwi
71 ngrusak (kembali)
ngrusak
72 pinggir (dan di tempat lain) (kembali)
pinggir (dan di tempat lain)
73 wêruh (kembali)
wêruh
74 Lebih satu suku kata: mangkana ing wêwêkase (kembali)
Lebih satu suku kata: mangkana ing wêwêkase
75 Kurang satu suku kata: Pajang atur pêpelinge (kembali)
Kurang satu suku kata: Pajang atur pêpelinge
76 Kurang dua suku kata: lah ta sira timbalana aglis (kembali)
Kurang dua suku kata: lah ta sira timbalana aglis
77 Kurang satu suku kata: Pamanahan lan Ki Panjawi (kembali)
Kurang satu suku kata: Pamanahan lan Ki Panjawi
78 pemut (kembali)
pemut
79 ijol (kembali)
ijol
80 ing (kembali)
ing
81 Lebih satu suku kata: sang dipati wus atur wêling (kembali)
Lebih satu suku kata: sang dipati wus atur wêling