34. Dhandhanggula

1. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | siniwi ing wadya kabèh | adipati tumênggung | pêcattôndha lan ôndhamoi | arya rôngga lan dêmang | pandêlêgan iku | angabèi lawan ika | waduaji tumungkul muka nèng siti | padha ngrêpa manêmbah ||

2. Sultan Pajang unggwaning sitinggil | pan pinarêk anèng sokasana | kancana [kanca...]

--- 349 ---

[...na] ana manike | saha lêlamak babut | pan maliyo isinya sari | cahyanira lwir surya | lwir wulan awêlu | sêdhênge lagi purnama | wadya anon akucêm mamrêm ing ati | dening sultan lwir surya ||

3. Sultan Pajang sigra dènnya angling | maring bala kang munggwing ing ngarsa | sira miyarsa wartane | Senapati puniku | sutaningsun anèng Matawis | dening lami tan seba | mapan wus sataun | samayanya uwus liwat | iku nênggih malinglang anèng ing langit | wulan wêlu purnama ||

4. ing samanya samayanya prapti | sang hyang surya mèh sumurup ika | tunjung kudhup mêkar kabèh | dening wus jangjinipun | apan nora kêna gumingsir | apa karane ika | suta ngong tan rawuh | Senapati ing Ngalaga | sajangjine kalayan ingsun ing nguni | dadya madayèng ujar ||

5. Sultan Pajang ratu dibya sêkti | manahira lwir asa anglayang | muluk salab kahanane | janma akam puniku | kapwa kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar- | nira[1] sang pukulun | wadya matur sadayanya | hèh sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya ||

6. kunêng ingkang tan seba ing enjing | arsa balik malah arsa nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada

--- 350 ---

ing sapratingkahe anging | ing Sang Sutawijaya ||

7. dutanira kalih angastuti | angusapi lêbu ring suku sang | duta mêcat[2] sigra age | anitih kuda sampun | ing Mataram Ki Senapati | sonya anèng Lipura | duta kalih nusul | ing Lipura sigra dhatang | Senapati kapanggih sira alinggih | ing kuda acêcalang ||

8. Kyai Gêdhe Wuragil mangkya ngling | hèh Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun sangking wajik | Senapati Ngalaga ||

9. maksih amanggung anitih wajik | jêngandika dutanira sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuhun | sangking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | dèn sampun rasa tunggal ||

10. Kyai Gêdhe Wuragil mangkya ngling | hèh Ngabèi Wilamarta mojar | nêdha mudhun jaran age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | rama ji pan mudhun | Senapati ing Mataram | duta kalih kapwa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||

11. maksih amanggung anitih wajik [waji...]

--- 351 ---

[...k] | Angabèi Wilamarta mojar | lah Ki Gêdha Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | pan sampun wruh punika | yè duta sang prabu | tan anarka yèn mudhuna | sangking jaran pakanira lawan mami | tanduk mantri kang nistha ||

12. Senapati ing Ngalaga angling | hèh Ngabèi lawan Wilamarta | ragane kita kinèngkèn | duta kalih umatur | dahat ulun duta rama ji | angêmban pangandika- | nira sang pukulun | mangan nginum marènana | asebaa marang Pajang dipun aglis | myang kita akurisa ||

13. duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan ||

14. ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang ||

15. agya lampahe anuli prapti | pan tumamèng marang ngabyantara | cundhuk mang sang prabu age | nêmbah mangusap lêbu | ri suku sang nulya alinggih | tumungkul [tumungku...]

--- 352 ---

[...l] maangrêpa | ling duta sang prabu | hèh Sultan Wijaya kita | ya ubanggi ing nguni kinèn rumiyin | lumampah anèng wuntat ||

16. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | ri sêdhêng anèng purane | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadya pa puniku | rèh andika pakênira | nora mangkat ing andikaning rama ji | tan wande mêmungsuhan ||

17. ulun angaturi kunang sigih |[3] kadi pundi kita mêmungsuhan | sapa kang dinamêl topèng | mantri Mataram takut | yèn adunên lawan rama ji | Sultan Pajang kawasa | dibya sêkti dangu | têlik wetan ingkang dhustha | pan tumama ing ngabyantara nrêpati | kapangguh sirèng nendra ||

18. sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca dènnya nendra | lwir lalêr mencok krasane | kampuhipun tan têrus | para graha kagyat samyanjrit | sultan pinarabutan | kagyat sira wungu | ningali kang para graha | padha nangis gumarumung anèng sikil | anarka yèn kabranan ||

19. kadar pira dêdamêl Matawis | amung dhomas wongirèng Mataram | apan ta dudu timbange | yèn mungsuha sang prabu | yêkti kalah wadya Matawis | Senapati Ngalaga | dudu timbangipun | timbangên lan para putra | balanipun lan balanira Matawis [Mata...]

--- 353 ---

[...wis] | jawèkna wadya Pajang ||

20. rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Banawa | apan salêksa balane | lir na kang para mantu | Adipati ing Dêmak nênggih | sangang èwu kang bala | ana lèn kang mantu | anênggih Dipati Tuban | abêbala wong wolung èwu anênggih | mantu putu ana lyan ||

21. Adipati ing Bantên kêkasih | wadyanira kawan èwu ngetang | wong Mataram dhomas kèhe | wêsi karyanên balung | lan têmbaga karyanên kulit | nadyan otota kawat | gêgala kang sungsum | tan wande rêmak kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ingkang dhomas ||

22. lwir antiga sela ingkang ngapit | wong Mataram upama antiga | wadya Pajang lwir selane | yêkti rêmak antêlu | pan karyanên ing saupami | duryyan wadya ing Pajang | wong Mataram timun | sayêkti môngsa mênanga | ingkang timun yyan duryyan kang anindhihi | yakti duryan kang mênang ||

23. anglir sasi wadya ing Matawis | lwir ning surya wadyabala Pajang | yyan ing raina wijile | sasi kucêm dinulu | merang mari ujwalèng sasi | dening ujwalèng surya | apadhang dinulu | lir agni wadya Mataram | wadya Pajang lwir udan saking ing langit | agni sayêkti pêjah ||

24. kadipundi hèh Ki Senapati | yogyanira mungsuh Sultan Pajang | lwir uga kita ing dhewe | ngandêlakên [ngandêlakê...]

--- 354 ---

[...n] yèn têguh | rosanira dibya myang sêkti | têpung puputa kita | myang akantar bau | lan ramanira jêng sultan | ulun iki akucêm merang ningali | muka mantri ing Pajang ||

25. mandahane ucapipun ugi | nagara lyan tuwin ratu sabrang | kang asêngit mèsêm kabèh | dening mungsuh sakuthu | yakti narka liyan nagari | Senapati Ngalaga | ènthèng yèn minungsuh | katuju wania aprang | mungsuh yayah rasa tan ana madhani | dening suta myang bala ||

26. pangrasane atiningsun iki | lamun kita amungsuha liya | sapuluh Pajang gêdhene | apan wani ing ulun | nadyan jagat sabrang myang Jawi | apan barênga mara | tan gumingsir ulun | suka pêjah anèng rana | wus pantêse kinêmbulan ing ajurit | ingudanan warastra ||

27. pakanira hèh Ki Senapati | aprang mungsuha ing Sultan Pajang | tri prakara kainane | dhihin amungsuh guru | kaping kalih amungsuh gusti | kaping tri wong atuwa | ingkang kita mungsuh | iya dudu kang ayoga | anging sasat bapa dene kala cili | kinêmpit pinèt anak ||

28. lwir ning kaya guru rama aji | apan kita winuruk ngagama | duk sarêng akil balège | tatasing raosipun | nulya kita winuruk malih | karosan kadigdayan | para dibya luhung | kita lumêbèng [lu...]

--- 355 ---

[...mêbèng] sagara | datan têlês lir ngambah dharatan siti | kita bong tên[4] gêsênga ||

29. lan masalah ngèlmi dadi mantri | myang dipatya miwah dadi raja | têlas winurukkên kabèh | wutah sajroning kalbu | maring kita ramanira ji | purwane kita dibya | sêkti ambêk sadu | lah apa wêwalêsira | maring sultan pan sira sampun asinggih | mangku rat bala dhomas ||

30. Senapati ing Ngalaga nangis | jroning nala miyarsa kang paman | ing sawirayate kabèh | apan Kiyai Juru | Amartani wutah dènnya ngling | Senapati Ngalaga | mangrêpa tumungkul | karasa yèn kalêrêsan | dyan sumilih Senapati ing Matawis | agya sira dyan mojar ||

31. Kyai Paman Juru Amartani | kadipundi ing rèh pakanira | kang pundi manira angge | rèh manira tan purun | asebaa Pajang nagari | walujênga[5] ing lampah | ayya antuk rêngu | gèn manirarsa têtêpa | nèng Mataram tumuruna suta mami | myang putu buyut canggah ||

32. Kyai Juru Amartani angling | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | lampah kang yogya ingangge | wruha kita ing guru | dèn kawayang ing lair batin | apan jêng Sultan Pajang | kang tansèng sun wuruk | iku sayêktining wayah | lah pintanên yèn Sultan tumêkèng lalis | kita gumantya sultan ||

--- 356 ---

33. yèn wus mangkana kita dèn yêkti | panêdhanira marang Hyang Suksma | aywa kita salah dalèh | apan iku saèstu | asung mulya ing awal akir | sumiliha ing Pajang | pan jênêngirèku | pintanên marang Hyang Suksma | apan kita ingangkah suta sayêkti | ing ramanira sultan ||

34. kaping kalih mintaa ing aji | ramanira walêsên kewala | ati-atintên[6] tatane | ana minta ing kawruh | silanira mapan kaèksi | dening sri naranata | lah êndi pukulun | nanging punapa nalika | laku linggih solah mona lawan muni | minôngka panêngêran ||

35. lamun kita asebaa isin | maring Pajang nadyan tan sebaa | yèn prapta sultan dutane | ayya tuna ing têmbung | amangsuli wacana manis | pasungsung ayya pêgat | ing saisinipun | prajanira ing Mataram | ayya kita rumaos kantunan[7] budi | nirêp dukane Sultan ||

36. apan nyata hèh Ki Senapati | kita ingangkah atmaja tuwa | sultan gêdhe piyandêle | iku kita dèn taguh |[8] lamun sultan tumêkèng lalis | ing panjênênganira | de mangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | anggêntosi ing panjênêngan rama ji | tan lyana saking kita ||

37. nadyan kathah putrane sang aji | nora na lyan kita kang atuwa | kinêmpit [ki...]

--- 357 ---

[...nêmpit] alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita putra sang aji | kang dadi pangauban | sakèhe kang sunu | sultan cahya nuring rat |[9] wus angalih maring kita wus pinasthi | anggêntosi ing sultan ||

38. hèh Ki Senapati yèn wus olih | kita ujar ingkang tri prakara | kang dhingin wong atuwane | pindho sabdaning guru | kaping tiga dikaning gusti | mapan dadi satunggal | yêkti nora wurung | gènira jumênêng nata | nganti sangat pêlêkên marang Hyang Widdhi | kita asru brôngtaa ||

39. ri sampunira winêling-wêling | Senapati dhatêng ingkang paman | Juru Martani wastane | pan sampun amit mantuk | Senapati kantun alinggih | tansah kaciptèng nala | ing pituturipun | kang tinanjihakên nala | nora gingsir karsanira Senapati | nuntên kalampahana ||

40. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati Nglaga | nèng Mataram kadhatone | anggung mangan anginum | ing raina anutug ratri | lan mantri pamajêgan | kèhe wolung èwu | sami liwat ing Mataram | sêdya seba anrahakên bulu pêkti | dhatêng ing Sultan Pajang ||

41. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha mandhêga ing kene | payo mangan anginum | sabên dina ulun puniki | anyêkêli manjangan | ngong karya [kar...]

--- 358 ---

[...ya] anginum | tanapi banthèng maesa | sabên dina anyêkêl kidang myang kancil | tômbra ulam paraga ||

42. ginulawênthah sakyèhing mantri | ingkang pantês binasanan paman | pinaman-paman basane | ingkang pantês sinunu | binasanan suta sakapti | kang pantês binasanan | kakang basanipun | kang pantês binasanan uwa |[10] mapan binasanan ing uwa kang krami | kang pantês binasan ||[11]

43. adhi iya binasanan yayi | datan ana kang bineda-beda | samya rinakêtan kabèh | samya ingajak nginum | samya sênggak suka anglarih | wanèh ingkang anêmbang | kêkawin angidung | akêplok sirèng badhaya | Senapati Ngalaga sukanya ngênting | lan mantri pamajêgan ||

44. para grahanira Senapati | samya kinèn wau ambêdhaya | age samya dhatêng kabèh | ajamang mas kêkalung | gêlang kana êmêr pamêkik | kilatbau kancana | asêngkang mas luru | apan nunggil intên mulya | ujwalanya anorakên sang hyang rawi | surêm maring ujwala ||

45. ambayak anôngga talam manik | mèsi punang sêkar jêjêbadan | kêkoboh[12] amrik gandane | nulya lungguh ing pangkun | saha mojar mring para mantri | pamajêgan sadaya | mami dutèng tuhu | anglisahi marang sira | amborèhi sêkare gajah anguling |

--- 359 ---

katrapa anèng karna ||

46. mantri pamajêgan mangrêpa jrih | aningali marang grahanira | dening rumakêt basane | palungguhe abukuh | samya ngrêpa konjêm ing siti | mukanira punika | ambêg manah sadu | wadya wus ambapa biyang | panarkane mring Senapati Matawis | tuhu taman kumêdhap ||

47. Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra ulun kabèh sira | aja taha-taha kabèh | apan sajroning nginum | pan sumôngga ulun ing rabi | ing sajawining rahsya | wayahe wong nginum | nadyan tumêka ing prana | yèn sira yun kawinên maring ing masjid | khalal ulun pan suka ||

48. mantri pamajêgan pinisalin | sadaya sami abusana |[13] kalawan sapêpantêse | balongsong punang kampuh | pan kuluknya samya barêci | sabuk cangap rinêngga | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub panganggening para mantri | kang kinulawisuda ||

49. acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar lwir thathite | yèn winingkis kang kampuh | pan kasilir maruta mirir | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos ing kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan ||

50. mantri pamajêgan anganjali | padha ngrêpa

--- 360 ---

tumungkul sadaya | abungkuh ing palungguhe | dening dibya atakut | rêtna wadu widêgdèng lungid | ya môngka dananira | arêmên dinulu | tate kinudang ing prana | pan kawratan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa sisingan ||

51. Senapati ing Ngalaga ênting | suka mulat mantri pamajêgan | dan sampun pranata kabèh | kapyajêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan kapyatuhu | ramping aramping ing tanggap | kêdhap sasmita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||

52. Senapati Ngalaga tartib |[14] aningali mantri pamajêgan | mapan sampun pêpak kabèh | pan wus pêpêk supênuh | Senapati micarèng ati | mêngko ta olèh rowang | sangking sih Hyang Agung | prapta ing sariraningwang | sinung bêgja dinulur marang Hyang Widdhi | sinung rowang dening Hyang ||

53. lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuh prang lawan Sultan Pajang | ingsun êmriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun pan wus pracaya | sun tingali suyud | mantri Pagêlèn sadaya | samya bêkti mung Bocor durung sayêkti | manahe kaya-kaya ||

54. sun watara atining wong iki | nora suka dening bojakrama | yèn durung tutug budine | angayoni maringsun | iya

--- 361 ---

ningan sun angecani | bênêr têka si besan | sisip têka ngingsun | upamane awak ingwang | kaya cebol nèng jurang anggayuh langit | pasthine dipun ina ||

55. ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | môngsa dadia ratu | pan mangkana ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||

56. Mantri Baksa pan kagiri-giri | anggungakên bêksa gora gadha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang mungluk | sela anulya sinôngga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngibêrakên ing wiyat ||

57. galaganjur binêksanan kêris | myang landhehan miwah bêksa panah | kang ambêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên maprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawanèh pupu | wanèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah ||

58. Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landhehan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane ayun baka |[15] tumbak [tu...]

--- 362 ---

[...mbak] kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma ||

59. samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang omba tan gingsir | pan katuwukên dana ||

60. apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa omba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan ||

61. sêdya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulupêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn lajênga mring Pajang tur bulupêkti | pan sampeyan narendra ||

62. sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandeyane | Mataram ratu agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa ||

63. yèn sampeyan lumampah ajurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake [walêsa...]

--- 363 ---

[...ke] | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga ||

64. angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring rama ji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana ||

65. mapan ingsun purun anaguhi | ing dukane kangjêng rama sultan | sun takoni sapakone | karsanira sang prabu | pan sadaya wus anèng mami | pan ingsun anjênêngna | rôngga lan tumênggung | ngabèi arya lan dêmang | pêcattôndha kandhuruhan ôndhamoi | ingsun sinung kawasa ||

66. sakathahe ingkang para mantri | ingkang arsa jumênênga arya | sun jênêngakên sun gawe | miwah kang dèrèng lungguh | ingkang pantês walulang benjing | sun kang awèh walulang | kang pantês lêlungguh | lêlurah patinggi ika | ingkang arsa alungguh lampit sun lampit | apan ingsun winênang ||

67. aluwaran mangkya Senapati | sampun mantuk dhatêng dhatulaya | kang aseba bubar kabèh | Kyai Bocor winuwus | ingkang tansah tinanting-tanting | karsane panêmbahan | ingkang durung rujuk | mapan arsa ngayonana | ing bobote Senapati [Se...]

--- 364 ---

[...napati] ing Matawis | tansah ingarah-arah ||

68. Kyai Bocor amicarèng ati | kaya ngapa sakèh sanak ingwang | mangkene papolahane | têka padha piluyu | kaya rare idhêpe sami | nora matara lampah | denira rêp jujung[16] | Senapati ing Ngalaga | dèn timbanga wong Mataram wonge kêdhik | amungsuh wadyèng Pajang ||

69. lamun ingsun wurunga ngayoni | ing bobote Senapati Nglaga | yèn panggah pan ingsun dhèrèk | dening apêksa lunghung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | bêbalung parunggu | manawa sira tan pasah | ingsun suduk ing kêris ingsun pramati | gêlêm sun angawula ||

70. sampun surup sang pratônggapati | Kyai Bocor mangke karsanira | anutugakên budine | mapan arsa malêbu | anyidraa ing Senapati | dhuwungira tinatap | wus amblês kinapuk | pun Kêbo Dhêngên wastanya | nulya mangkat sampun malêbêt ing puri | sapraptanirèng pura ||

71. sakathahe kang atunggu kori | wus winangsit dening Panêmbahan | apia tan wruh lêbune | Ki Bocor wus malêbu | Panêmbahan sampun kapanggih | sêdhêngira adhahar | ngungkurakên pitu[17] | Ki Bocor nulya narajang | dipun suduk Panêmbahan tan anolih | Ki Bocor kasayahan ||

72. rêmuk rêmpu pucuke [pu...]

--- 365 ---

[...cuke] kang kêris | siti kêna pan pating dharungkar | Bocor sidhêku tibane | lupa sarira lêsu | Kyai Bocor sigra ngabêkti | mangrêpa ing suku sang | kawula anuhun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih mèsêm angling | kakang wontên punapa ||

73. Kyai Bocor sumungkêm ing siti | mukanira komjêm ing pratala | angasih-asih ature | kawula nuhun bêndu | kamipurun kawula gusti | angayoni sampeyan | ing mangke pukulun | punapa karsa paduka | pan kawula angaturkên pati urip | sakarsa tan lênggana ||

74. angandika Kyai Senapati | punapa kakang dika wicara | pitayaningsun agêdhe | Ki Bocor sigra mundur | Senapati lunga tumuli | ingiring wong lêlima | Lipura jinujug | wontên watu kumalasa | warnanira tuhu kalamun prayogi | Senapati nèng sela ||

75. Senapati lir anunggang èsthi | warnanira sela kadi gajah | pandhang[18] nrangkang ngiringane | lwir palana dinulu | sulurira ingkang aputih | katustarèng banyunya | Senapati sampun | asare anèng gêgilang | pan ing nginggil gêgilang langkung ing margil | tan ana prakathaya ||

76. kawarnaa Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | wus têngah dalu wayahe | ingkang putra kagugu | nulya kesah malêbèng

--- 366 ---

puri | kandhêg jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh sikêp kang tugu[19] lawang | suntaningsun[20] pinarak ana ing puri | matura ingsun seba ||

77. lurah regol ature alirih | hèh Ki Juru putra tuwan |[21] omba wikana parane | sasampunipun wau | mangan nginum lan para mantri | pamajêgan sadaya | ing sabubaripun | kangjêng gusti nuntên kesah | sarêng surup pratôngga gumantya wêngi | wulan sêdhêng purnama ||

78. Kyai Juru widagdyèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang ||

79. Kyai Juru Amartani angling | kawungua kae Senapatya | ujare arêp agêdhe | têka eca aturu | tan antara lintang kang prapti | warnanya kadi dilah | ing baskara satus | upama gênge kang lintang | sakarambil têka tabone winarni | gumawang nginggil nendra ||

80. Kyai Juru sigra dènnya angling | sarya anggugah dhatêng kang putra | awungua dipun age | punapa anèng luhur- | rira turu mancur lwir sasi | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal sarya ngandika | apa sira mancorong ing luhur mami | satuwuk dèrèng

--- 367 ---

mulat ||

81. punang lintang sigra dènira angling |[22] wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang ||

82. mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan ||

83. saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung kèringanipun | amêkasi dadya nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur gunung udan awu myang karikil | cina[23] nagara rêngka ||

84. aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna ||

85. Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati ing Ngalaga | aja ujubriya têmbe | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang duru[24] jati [ja...]

--- 368 ---

[...ti] | benjang têka ing têmah | sira manggih mungsuh | yèn anèng têngah payudan | pasthinipun wintang tan kêna tinagih | paran gon amasthèkna ||

86. kandipundi[25] goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dodo [26] lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jais arane puniki | wênang dudu lan iya ||

87. têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan ||

88. Senapati garjita ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Juru Martani wastane | Senapati amuwus | kadipundi rèh dika mangkin | kula darma lumampah | inggih ulun anut | ing saparipolah dika | wong kêkalih ing karsa dados sawiji | dika kalawan kula ||

89. Kyai Juru Amartani angling | yèn mangkono payo parêmbugan | ujare ana dalile | tinêdha ing Hyang Agung | gampangêna sêdya puniki | sakèhe kang tinêdha | kang angèl puniku | muga èsmu gampangêna | alah nêdha pêpatahan rêbut kardi [kar...]

--- 369 ---

[...di] | payo anuli mangkat ||

90. ingsun munggah ing gunung Marapi | pakanira dhatênga samodra | lah têdhanên dipun age | nyatakêna dèn tuhu | ing pasthine karsaning Widdhi | lah nêdha sarêng mintar | sarênga tumanduk | Senapati kapêthukan | nulya kesah ngetan bênêr sigra prapti | ambyur ing kali Umpak ||

91. langi bathang anurut ing kali | ana olor agêng tan upama | pun Tunggul Wulung wastane | yèn jalmaa amuwus | baya mêngko ingsun pangpagih[27] | kalawan gustiningwang | dhuh nyawa pukulun | anitiha gigir ingwang | inggih gusti kajêng paduka kariyin | lumampah karsa tuwan ||

92. olor ika purwane kariyin | natkala Senapati cangkrama | anèng sawangan purwane | kali Samas kinêbur | kinarakat jala lan sundhit | anco lawan papêcak | ayab sèsèr susug | saliring ulam pan kêna | ana olor kapanggih dhasaring warih | gênge kagila-gila ||

93. pan kasatan mêntas datan kani[28] | wong Mataram samya rêrêbutan | anyêkêl olor agêdhe | ginawa mêntas sampun | ngaturakên mring Senapati | rêna dènira mulat | olor dibya agung | sigra sira binusanan | ajamang mas kêkalung jimat awêning | kêncana kang kinarya ||

94. olor dyan inguculakên malih | maring toya olor winastanan | pun Tunggul Wulung arane [ara...]

--- 370 ---

[...ne] | matanira mawêlu | lwir ujwala baskara sasi | lamun tinon ing toya | busanane murub | kadya parada kancana | saparane kang tumingal samya ajrih | olor ika narendra ||

95. Senapati wau duk angèli | apan kandhêg anèng ing sawangan | lembak-lembak ing pinggire | olor sagara kidul | tri gumuruh kagiri-giri | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan endah ing warnanira | sande ing tyas ana pati masu kêting | tan ana pasingkaban ||

96. Senapati tarkanira wani | malêbua sajroning samodra | nyata ewuh ing nyanane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | sigra kang prahara prapta | lesus mêsês bayu bajra agêng prapti | akèh kayu rug sêmpal ||

97. sagaranya gumêtêr awêdi | toya wêning lwir kadi raditya | sagunung-gunung alune | padhaa ing kumumbu | padha ngosèk anèng ing tasik | bandêng lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk utêg sumirat | sangking tutuk ludira têmpuh ing curi | parang kadi rinêngga ||

98. urang aking pan kadi jinrangking | munggèng parang mina awinika | padha trênyuh ika kabèh | mina julung lan pêsut | kapanasan padha kèh mati | sawanèh ana mina | mina surakipun [su...]

--- 371 ---

[...rakipun] | umêsat saking samodra | tibèng pinggir mugya arane puniki | mijil nulya palastra ||

99. mina pêsut myang ngambara kingkin | gajah mina upama prawata | bandêng kalawan kalalèn | padha malêbèng banyu | ing samodra toya lir api | gajah mina sadaya | sowang-sowangipun | sarta lan sakèh nguyutan | padha kagyat naga ngungsi ing pratiwi | sudira tan darana ||

100. gurnitanya pan kagiri-giri | toya munggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | pan alinggih ing kathil manik | sigra manggung mangrêngga | dènira alungguh | tumingal naga malaywa | Nyai Kidul kagyat grajita ing galih | èmêng sajroning nala ||

101. tatkalanya bêlah ing jaladri | mapan kalah pan anagagendra | palayunira pan age | kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cina[29] kiyamat ||

102. gurnitanya pan kagiri-giri | toya minggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | masila ring kathile manik | sigra minggung mangrênggang | dènira malungguh | dening naga kang malaywa | mêtu anon atakut sira ningali | tasik minggah prawata ||

103. Nyai Kidul sigra dènnya

--- 372 ---

angling | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mêngkene | ingkang baskara runtuh | dening toya sêgara iki | lir agni naraka |[30] mina padha lampus | baya ta arêp kiyamat | jagat iki Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran ||

104. Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasôngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak ||

105. Nyai Kidul mudhun nulya prapti | pinggir tasik sigra amangrêpa | abukuh ing palungguhe | sigra mangsah macundhuk | lawan Senapati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigra prapta | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananira myang muka ||

106. Nyai Kidul lingira awingit | hèh sang nata ilangêna dèn ta | aruara ing manahe | wagning sagara kidul | sakathahe isinya iki | kita adipatinya | sang nata pukulun | pan darbènira sadaya | mapan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan ||

107. tanpa gawe sira jalma lêwih | têka ngrusak gêgaweyanira | sakarsa andika angrèh | yèn [yè...]

--- 373 ---

[...n] sira darbe kayun | parayangan kêlawan êjim | adunên yèn apêrang | ngalahêna mungsuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para êjim | tanah Jawi sadaya ||

108. parayangan balanira êjim | ngalahêna mungsuhira aprang | sira dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | anging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | miyarsakkên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisingan ||

109. sarupane mina ing jaladri | kang mati sampun urip sadaya | samya lêbda jiwa kabèh | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati nulya tut wuri | tumamèng ing samodra | tan têlês ing banyu | sampun rawuh ing kadhatyan | sarêng linggih Ni Kidul lan Senapati | rarasati tinêmbang ||

35. Mijil

1. Senapati Ngalaga ningali | têtaman kaot |[31] bale kancana saka dhomase | bale ika purwane ing nguni | mila nèng jaladri | kalane rinêbut ||

2. dening Gathotkaca duk ing nguni | rinêbut palugon | anèng mêdyantara pangrêbute | bale runtuh tiba satêlênging | jaladri kinardi | kadhaton Ni Kidul ||

3. apan murub ujwalaning puri | natare mancorong | pawalika natar kang ginawe | sinêbaran manik mutyara di | lan côndrakantèki | marjan krikilipun ||

4. pagrê widuri lênglêng ramyaning | kang sasôngka [sasông...]

--- 374 ---

[...ka] abyor | myang rêngga rum ning puri kênyare | halêp ning umah mas lwir murubing | langit gapuraning | unggyan Nyai Kidul ||

5. anêlahi ujwalaning manik | ujwalèng mas amor | gapuranya lêwih gêng igile[32] | pucak rinênggèng jumantên adi | intên abra êning | ujwalane murub ||

6. asor sênêning kang sang hyang rawi | kucêm merang tumon | mring sakyèhing ujwalèng manike | mulya kadi raina ywan latri | ywan raina kadi | tan ana sitangsu ||

7. saha pêpêthetan mangubêngi | apan asri tinon | anjrah ingkang puspita sarine | wilaja ruru aglar tulya sri | wit kaywan kinardi | kancana kang luru ||

8. arondhon lungsir pradapa asri | sarêng kêmbang awoh | warnaning wiji ika kathahe | kawan dasa warnane tuhu sri | sor kathil rêtna di | anijèni kayu ||

9. kang palinggihan prayangan pêri | warnanya di kaot | sor widadari swarga citrane | ingkang prayangan lêwih kang warni | witning kayu siji | wau palanipun ||

10. ana nyadham kamropokan sami | lèn sêpuh ing ênggon | ana runtuh sah sangking uwite | tan warnanên kang runtuh upami | lwir lintang angalih | asri yyan kadulu ||

11. upama mêndhung wau kang sari | lwir jalada tinon | kinubêngan catur bangawane | ingkang rumiyin bangawan warih | puhan kaping kalih | tri bangawan madu ||

12. kaping catur sajêngkang bênawi | ingkang winiraos |

--- 375 ---

ingkang sami alinggih kalihe | Nyai Kidul lawan Senapati | kaliyan alinggih | anèng puranipun ||

13. yyan cinôndra warnanira Nyai | Kidul ayu kaot | amindha Ratih swarga citrane | sor Supraba warnane liniring | lwir muksa ingaksi | sasolahe ayu ||

14. ing rat jagat tan ana tumandhing | kusumaning wadon | lan malih ratu dibya sêktine | panjenengan nata wanodya jim | akêkitha nênggih | ing sagara kidul ||

15. yèn sakyèh lêlêmbut nusa bumi | ngêndi nora rawoh | sakyèh ratu ing lêlêmbut kabèh | padha seba ngawula ing nyai | sabên taun prapti | mring sagara kidul ||

16. sami ngaturakên bulupêkti | mring sang prabu wadon | sami wêdi asih pangabdine | Ratu Lodhaya sami anangkil | ratu gunung Mrapi | seba mring Ni Kidul ||

17. miwah ratu ing Kare anangkil | myang Waringinuwok | sami seba lan gunung Agunge | ing Wukir Palwa Prabu Dalêpih | kang sami anangkil | myang Kuwu Balêdhug ||

18. ing Kayu Landheyan datan kari | Ngrawa Lobang saos | ing Karang lawan Panarubane | Kabareyan Pringtutul anangkil | Lawu lawan Pêning | ingkang sami nungkul ||

19. punika lêlêmbut nusa Jawi | kang sami asaos | tan wontên purun malanga kabèh | sakyèh lêlêmbut pan wêdi asih | ingkang sami nangkil | dhatêng Nyai Kidul ||

20. Senapati

--- 376 ---

cêngêng aningali | ing warna dyah sinom | amicarèng wau ing driyane | tuhu ayune punjul sabumi | ing watara mami | sang rêtnaning arum ||

21. kaya nora pasaja sayêkti | salêlewanya wong | miwah yèn angandika manise | tansah akarya sumêlang ati | asung brôngta kingkin | raga krana kaduk ||

22. kusumaning rat tansah liniring | sadangunira non | èsmu kamanusan ing driyane | Senapati mulat sang lir Ratih | solahe rêspati | amanis dinulu ||

23. baya sira ratuning swarga di | guruning dyah kaot | asung brôngta wuyung sasolahe | tansah sabil nala Senapati | kagiwang ing ati | dening manisipun ||

24. anglwir kilat atêmpuh lan thathit | campuhing pandulon | anara sêdya sang dyah tingale | Senapati mênggahing jro ati | emut dede jinis | nanging Nyai Kidul ||

25. ananggapi saraosing galih- | ira sang wirangrong | Senapati dinuk ing liringe | lwir madu sêsêmon garit ati | kaya yèn kagimir | Senapati dulu ||

26. Nyai Kidul micarèng jro ati | sun bekane mêngko | dêdimone lali kadhatone | iya raja ing Mataram iki | pinrih dènnya asih | tumêkaa kalbu ||

27. mèsêm kusumaning rat

--- 377 ---

pan sarwi | tumungkul sira non | Senapati dinuk ing liringe | ing tingalira sang dyah amanis | ya ta Senapati | Ngalaga lingnya rum ||

28. ingsun iki ratu ayu witning | ayun wikan ingong | ing pasareanira yaktine | apa baya warnane mas yayi | matur sang lwir Ratih | inggih botên ewuh ||

29. kalamun tuwan arsa udani | kawula sumaos | apan darmi atêtêngga bae | ênggèn kawula wontên ing ngriki | pan kagêngan aji | ing sayêktosipun ||

30. Senapati astane kinanthi | mring jinêm paturon | sapraptane pan sarêng alinggèh | Senapati lawan sang lir Ratih | kang kaciptèng ati | warnane sang ayu ||

31. kang tansah asung sawining liring | amung sang lwir sinom | Senapati Ngalaga manahe | suh rêmpu sira nulya ngling aris | baya iki yayi | pindha-pindhanipun ||

32. kang ingaran kadhatoning swargi | rakiting paturon | miwah rakiting pêpajangane | apan ingsun têmbe aningali | mirah ingkang mirib | pasreyanirèku ||

33. tuhu adi tan ana tumandhing | warnane paturon | têka sêmbada lawan kang duwe | lêwih ayu kang aduwe malih | lêwih wagêd malih | angrakit jinêm rum ||

34. miwah sakirnaning jinêm wangi | saèstune kaot | kenyut mulat Senapati tyase | aningali paprêmane

--- 378 ---

nyai | yèn mangkene iki | iya raganingsun ||

35. kaya nora wande ingsun yayi | kaprêm tingal ingong | aningali manisira anggèr | aras-arasên ngong iki mulih | maring ing Matawis | kacaryan andulu ||

36. aningali kadhatonirèki | raose tiningong | ingsun kaya nora bisa mulèh | kacaryan mulat rêngganing puri | cacade sawiji | dening tanpa kakung ||

37. yèn akanthia kakung apêkik | raose tiningong | mendah dening awuwuh langêne | dening èstrine ayu wus lêwih | mung kang kari iki | yayi kakungipun ||

38. Ki Senapati dèn palèrèki |[33] mring sang kadi sinom | Nyai Kidul amanis têmbunge | sakeca jumênêng prabu èstri | kêdhik kang kapikir | tutug among kayun ||

39. datan wontên ingkang malang mindi | mring sariraningong | Senapati aris andikane | apênêd kang mawi kakung ugi | sang dyah anauri | widagdya turipun ||

40. mindhak pintên kumadamèng laki | apênêd amomong | sarira datan ana katolèh | Senapati ing Ngalaga angling | yèn muliha yayi | mring Mataram ingsun ||

41. wus karaos sadurunge yayi | yèn ingsun anglamong | kasmaran ing sira ingsun anggèr | apa baya sarate wak mami | maria gring kingkin | brôngta mring sirèku ||

--- 379 ---

42. tan ana yogyane kang nambani | lyana sang lwir sinom | paran baya polah ingsun anggèr | apisaha gusti lan sirèki | pasthi gawe brangti | manise sang ayu ||

43. karsaningsun iki arsa mulih | mring Mataram ingong | tulusa aywa malang tumolèh | aywa sumêlang tilar sirèki | kang sun têdha yayi | sihira maring sun ||

44. têgêse ingsun nêdha jêjampi | mring sira mas ingong | Nyai Kidul matur sah liringe | tan sagêd kula atur jêjampi | ing lara wiyadi | pan dede dhêdhukun ||

45. dene api-api sanggup asih | tur nora sayêktos | apan ta ratu agung dhèwèke | kang amêngku ing sanusa Jawi | lah kirang punapi | apan ratu agung ||

46. tur Senapati Nglaga Matawis | ngajêngna dyah kaot | ingkang samya yu lêwih warnane | kawula iki kadar punapi | sêdya omba ugi | ngabdi ing wong agung ||

47. angawu-awu kawula ugi | supados wak ingong | yèn kanggeya ngladosi dhèwèke | apan kamanisên Senapati | mirsa wacananing | dyah dèwi Ni Kidul ||

48. sang dyah akarsa dèn parêpêki | mring Senapatyanom | kusuma yu awingit sêmune | linge manis anglir madu gêndhis | saya ngunggar galih | jênthike Ni Kidul ||

49. duk cinêkêl dening Senapati | ya ta sang lir sinom | tansah angrêpa wau ature | kadar [ka...]

--- 380 ---

[...dar] ta iki arsa punapi | têka anggêgampil | ora angon tayuh ||

50. astane têka nyêkêl jariji | tan angangge alon | dene têka daya têmên kiye | kula gêlêma dèn rêrusuhi | dika culkên ugi | gusti kae sampun ||

51. asta kelor pangeran puniki | ujaring pitudoh | watêke iki gêlis putunge | paran karya têtêmpuhe ugi | yèn putunga gusti | jariji ngong ugung ||

52. dhuh alara pinalindêr iki | jariji tan alon | kaya ingalêm iki polahe | putunga sapa ingkang ngilèni | lêlewane iki | lwir wong wuru gadhung ||

53. kaya dudu Dipati Matawis | kaya wong anglamong | Senapati aris andikane | mas ratu têka kadukên tampi | lèpèn ngong tingali | matur Nyai Kidul ||

54. yèn têmên-têmên anêningali | sangking doh wus katon | dalahane ana pangarahe | iya uga ing watara mami | kaya na dipun prih | mèsêm kang tinangguh ||

55. Nyai Kidul ature awingit | inggih atur ingong | apan ing mangke dèrèng ungsume | tuwan andhinginakên ing kapti | andika puniki | apan badhe ratu ||

56. ingkang amêngku ing nusa Jawi | tan ana kang moncol | darbe karsa bok inggih dèn rèrèh | sapa duwe sarira

--- 381 ---

puniki | lyana Senapati | kang angrèh maring sun ||

57. sampun talah sang prabu apêkik | culna astaningong | punapa iki silih raose | sang dyah ingaras têka ngladèni | nguculkên tumuli | astane sang ayu ||

58. ya ta sinambrama Senapati | mring sang lwir ing sinom | saha pracaya ing pasêgahe | kusuma di wus munggèng ing ngarsi | warnane kang kupi | nênggih warna catur ||

59. gêdhah seta lawan gêdhah abrit | gêdhah jêne ijo | pan aisi brêm tampu arake | arak anggur lawan arak manis | lwir madu mangsèki | kocak yèn dinulu ||

60. pan sadaya mawi sawab sami | punang kupi kaot | apan sakawan ika kathahe | punika katur mring Senapati | raose kang putih | lwir puhan puniku ||

61. lêwih saking puhaning donyèki | raos kang kapindho | lwir madu lêwih madu dunyane | kang jêne lêwih sajêng donyèki | kang ijo lwir warih | lêwih ing donyèku ||

62. samana Senapati Matawis | nênggih kawiraos | lamine anèng jro samodrane | apan tigang dina tigang wêngi | musawarat nênggih | lawan Nyai Kidul ||

63. atunggil sare akaron rêsmi | wus winêjang kang wong | masalah kawruh madêg ratune | ingkang kèdhêp ing manusa êjim | myang prayangan [prayang...]

--- 382 ---

[...an] pêri | jangjine atutut ||

64. Senapati angandika aris | apracaya ingong | inggih ing raka langkung agêdhe | maring ingsun balik ingsun yayi | muliha Matawis | kaya prèhe besuk ||

65. lamun ingsun nêmua prakawis | tinêkana ingong | ing bancana sapa kang sun kèkèn[34] | angaturi maring sira yayi | wong Mataram ugi | tan ana kang wêruh ||

66. lan ora tutug tumêkèng ngriki | ngaturi dyah sinom | Nyai Kidul matur smu tangise | dhuh gusti timbalan tuwan benjing | nimbali ing mami | ing pranatanipun ||

67. asidhakêp suku tunggal êning | punika tur ingong | tumênga ningalana tawange | dening kawula anulya prapti | lamun wontên kadi[35] | kang gatos ing besuk ||

68. pasthi êjim parayangan pêri | sadaya kang rawoh | ambêkta ing sapradandanane | amapag mungsuh tuwan ing benjing | Senapati angling | maring Nyai Kidul ||

69. alah uwis katuna[36] mas yayi | lah ta mulih ingong | mring Mataram apa sajangjine | pasthi sun èstokakên mas yayi | sigra Senapati | anulya tumurun ||

70. ya ta sakesahe Senapati | agung awirangrong | Nyai Kidul tambuh ing polahe | asangêt dènnya kadhahan[37] kingkin | mênggah ing

--- 383 ---

jro ati | gya manjing kadhatun ||

71. aniba sare ngapit gêguling | munggwing ing paturon | ya ta amujung kampuh jinggane | sangsaya saya karasèng ati | waspanya drês mijil | sang ayu tan wêruh ||

72. saking tan sagêd ngrênggêp tyasnèki | kampuh têlês ing loh | ingusapan kalawan wènine | saya wuwuh kasmaranirèki | sang amindha Ratih | sira Nyai Kidul ||

73. ya ta amikir sajroning ati | sang rêtna di kaot | paran baya polah ingsun kiye | angandhêg-andhêg ing wong lumaris | dadya lajêng guling | sang amindha juruh ||

36. Dhandhanggula

1. ênêngêna kang andon aguling | kang kocapa Senapati ika | kapirangu ing lampahe | datan pêgat kadulu | ingkang kitha têlêng jaladri | dadya sabiling nala | lampahe andarung | kadi angambah dharatan | ing samodra muncul ing Parangtaritis | sang pandhita kapêdhak ||

2. apitêkur susunaning adi | soring Parangtaritis ing toya | Senapati mangsêh age | cundhuk lan sang awiku | sigra nêmbah ngusapi sikil | bukuh palunggwèng ngrêpa | mukanya tumungkul | anrahakên pjah gêsang |[38] tiningalan dènira sang maha yêkti | aris dènnya ngandika ||

3. hèh Ki Senapati ing Matawis | aywa ngandêlakên yèn arosa | têguh sakti

--- 384 ---

digdayane | tumamèng sagara gung | kadya ngambah dharatan siti | dadya ujub myang riya | kibir wastanipun | tan wênang yèn lampahana | wali mukmin andohakên pangabêkti | pamor gusti kawula ||

4. aja sira kaya bumi langit | myang sagara kalawan prawata | bumi iku wahanane | yèn janmaa amuwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêlira | nanging mung puniku | tan ana prayoganing lyan | kadya gunung gêdhene lawan inggil |[39] tan darbe pangulatan ||

5. lawan sira aja kaya langit | ngandêlakên jêmbar lan awiyat | mung punika digdayane | miwah sagara agung | ngandêlakên jêmbar ngidrêri | lawan ajro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pindha prawata | pan gumuruh swarane anggêgilani | mung puniku dayanya ||

6. yèn sira yun tulus dadi aji | anganggea sukur lawan rêna | ênêba kêna êninge | pasthi dadi ratu |[40] ing Mataram dènira linggih | myang para ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba maring Mataram | anrahakên bulupêkti sabên warsi | dhatêng raja Mataram ||

7. alah payo mulih mring Matawis | ulun arsa mampir umahira | anulya lumampah age | Susunan Adilangu | Senapati Ngalaga nênggih | lampahira lwir kilat | sakêdhap wus rawuh | sang maha pandhita mojar | wismanira tan [ta...]

--- 385 ---

[...n] angangge pagêr jawi | kêbo sapi ingumbar ||

8. ya ta angandika sunan adi | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | sisip sira ing pasrahe | angkuhira pan dudu | Senapati anèng Matawis | dadi lan riyanira | kibir lawan ujub | kêbo sapi tanpa kandhang | wahanane sapa wani maring kami | durjana ingkang dhustha ||

9. kang angangge ênêb lawan êning | lêlakone sukur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn ucul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mantuk maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pinêthokan | turonana lawange lamun ing wêngi | nuli sira asraha ||

10. anganggea andum lan amilih | dèn apatut kalawan agama | kalawan ing drigamane | istiyar dipun agung | anganggea sumôngga widi | sabarang polahira | anganggea sukur | karane dipun prayitna | laku linggih solah mona lawan muni | minôngka panêngêran ||

11. anganggea sira pagêr jawi | lah atagên wongira Mataram | sabên-sabên katigane | anyathaka puniku | sabên warsa têka sadhidhik | saolèhe wong dhomas | anganggea sukur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumakua aja kibir | batanên sabên warsa ||

12. nulya nyandhak mandêlêm cinangking | mèsi toya pandhita lumampah | [...] |[41] | sarwi adikir [adi...]

--- 386 ---

[...kir] |[42] ingubêngan sadaya | dènira sang wiku | turutên iku ing benjang | bêbataa wong dhomas cacah Matawis | dadi bantalan karsa ||

13. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | ri sêdhêng anèng purane | siniwi lêmahdhuwur | masila ring kathilèng manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | paduka nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan bêdhil | sanjata têngên kiwa ||

14. Mantri Pajang papakan anangkil | sami matur kang wadya sadaya | ulun miyarsa wartane | sutanira Sang Prabu | Senapati anèng Matawis | yakti balik karsanya | wong dhomas lumaku | anyithak narkèng bêbata | karya kitha bacingah arah kinardi | anjrokkên lêlarènya ||

15. Sultan Pajang sigra dènnya angling | sutèng ulun Dipati Banawa | sira lumampaha age | kalawan si tumênggung | ing amôncanagara iki | lawan Dipati Tuban | ipenira iku | maringa sira Mataram | ucêpêna kakangira Senapati | têmêne lawan ora ||

16. tri kang duta sigra nêmbah amit | nulya mêsat saking pangayunan | wus budhal sigra lampahe | pun pangalasan sèwu | mantri Pajang kang dadi têlik | mapan iku samitra | nênggih tunggal guru | myang Senapati Ngalaga | tinutakên marang ing Mataram aglis | sigra sira wêwarah ||

--- 387 ---

17. Senapati pan ulun puniki | tinutakên marang pakanira | awêwarah ing wartane | Sultan Pajang anêngguh | dintên benjing duta kang prapti | Pangeran ing Bawana [43] | lawan ki tumênggung | amôncanêgara ika | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wirotama ||

18. Senapati ing Ngalaga aglis | nulya mapag anèng Randhulawang | lawan santanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | têkèng kana padha angiring | wadyabala Mataram | sami bêkta suguh | gajah jaran samêkta |[44] wong Mataram kêrig lampit dhudha santri | ana ring Randhulawang ||

19. Adipati Bênawa gya prapti | Randhulawang Senapati mapag | katingal tumurun age | adan mangsah acundhuk | Adipati Bênawa bêkti | ya ta arêrangkulan | adhuh sanak ingsun | kawula puniki kakang | kangên têmên alami datan apanggih | lan karsa jêngandika ||

20. Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Bênawa | anungganga èsthi age | angandika ing luhur | ing turôngga mapan abêcik | nulya sarêng umugah[45] | ing palana sampun | panakawan Astranaya | wadya Pajang ambocèng inggiling èsthi | angucap jroning nala ||

21. lah manawi wontên karya jurit | inggiling liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtalinira iku | palanane dipun pêthêti [pêthê...]

--- 388 ---

[...ti] | ing pangot cêcebolan | iku purwanipun | wadya Mataram yèn seba | pangot cêcebolan kinandhut tan kari | binêkta asewaka ||

22. tarkanira Astranaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | arsa mêdal ing pungkur | agampanga pamiyak mami | gèn isun[46] anuduka | sarêng ulun ngamuk | anèng sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang ||

23. tarkanira ujare Ki Malik | karan ingwang sarêng nunggang liman | anèng ing gulu ngayune | sarêng aulun ngamuk | pêjah gêsang barêng lan gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènnya alinggih | myang Dipati Banawa ||

24. Adipati Banawa sira ngling | Kakang Senapati ing Ngalaga | kawula iki kinèngkèn | dening Sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | de rama jêngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | inggih nyata punapa datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||

25. Senapati sigra anauri | môngsa borong kang matur ing sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyasing ulun | datan samar paduka aji | saparipolah ingwang | barkate sang

--- 389 ---

prabu | kagungan dalêm Mataram | datan narka yèn ulun kang andarbèni | mapan kagungan sultan ||

26. ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn sawawi pukulun | tumanduka marang Matawis | mapan nagari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampo arak waragang ||

27. Adipati Banawa sira ngling | hèh tumênggung amôncanagara | nyata linyok ing wartane | bangkite ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yêktine iki ora | ujare amungsuh | ingsun piandêling kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadi cihna amêrta ||

28. Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | nulya rawuh alungguh | pinarêg ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm lan waragang | ya ta nuli agêpah dènnya anglarih | gala ganjur tinêmbang ||

29. Adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêka[47] sasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||

30. Senapati Ngalaga

--- 390 ---

nauri | abdi dalêm Mataram ambêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang dhusun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang towoke tinigas pacing | buntare sinêmpugan ||

31. adipati gumujêng sarya ngling | botên nusul têtiyang Tuban |[48] wong Mataram digjayane | yèn abêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan agênti ing wong kang lêmbing-linêmbing | wus wantuning wong Tuban ||

32. atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ingkang kinarya sodore | abêbaksan[49] anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika ayoni | wong Tuban abêbêksan ||

33. Senapati ing Ngalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami awidhung tangkêpe | pan dawêg sêsinau | dèrèng wontên angrêspatèni | wantu tiyang desa |[50] yèn bêksa anginum | sami anggagak urahan | mung cangkême gumêdêr bêbêribini | ambêksa tan tiyasa ||

34. Adipati Tuban sigra angling | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abêksa tamèng | pitung nagara [na...]

--- 391 ---

[...gara] punjul | nanging wadyanira ing Tubin | wisaya lan prayoga | tan ana kang mungsuh | wong pitung nagara kalah | dèn wong siji punika ngabên prayogi | ulun dhatêng sumôngga ||

35. Senapati ing Ngalaga angling | mandahane wongirèng Mataram | mulat ing wong bêksa tamèng | ingkang wagêd pinunjul | ngalahakên pitung nêgari | mandahe wong Mataram | arêmên andulu | satuwuke dèrèng mulat | wong widêgda amidhangêt lagi mangkin | dening wong desa mindha ||

36. Adipati ing Tuban sigra ngling | hèh wong Tuban sira babêksana | sira angagêma tamèng | mupung padha awuru | gêlarira dipun angênting | nulya wadya tumandang | babêksaning ngayun | towok lan tamèng cinandhak | ngumbulakên ing tawang sigra lêkasi | kêdah tinon ing janma ||

37. ramyaning kang ri lagya sêdhênging | ababêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadya kyèh | lwir ombak sagara gung | Radèn Rôngga sutanirèki | Senapati Mataram | putra kang pambayun | ayuswa ro wêlas warsa | duk kajawil ngrama kagyat Senapati | sinêntak ingkang putra ||

38. Adipati ing Tuban sigra ngling | Kakang Senapati ing Ngalaga | dene asangêt dukane | dènnya dukani sunu | kapirare ingsun wastani | punapa purwanira | dukanira asru | Senapati sigra mojar | pacil alit [a...]

--- 392 ---

[...lit] pun Rôngga paksa bumakit | kêdah tumut babêksan ||

39. angladosi wadyanirèng Tubin | karsanipun pun Rôngga punika | bumakit paksa angêne | dening wong mindha pugung[51] | toging prana tur nora bakit | dadya asung paguyyan | mêmirang dinulu | tan layak pukulun mulat | ing tandange pêcil dalêm ing Matawis | awidhung paksa iya ||

40. Adipati ing Tuban sigra ngling | sutèng ulun ayya sira sora | bêksaa sun tingalane | wong Tuban pan wus gambuh | nora layak sira kêmbari | lingse gêgina uwa | payo sutaningsun | wong Tuban sira tirua | nanging poma ayya sêdya angladèni | môngsa sira mênanga ||

41. pan wus agambuh wong ingsun Tubin | lingse amêmuruk maring sira | aja cacak sira rare | yèn mênanga amungsuh | tingalana tandange ugi | sira èmpêr-èmpêra | payo sutaningsun | kang ngladènana wong Tuban | Radèn Rôngga tumungkul dènnya alinggih | langkung dènnya mangrêpa ||

42. Dipati Tuban sigra ningali | ing dêdêge Radèn Rôngga ika | Dipati Tuban têmbunge | abêcik tangkêpiun | pan dhuwure yêkti apêkik | sutèng ulun punika | wantu mêksih timur | hèh wong Tuban iku iya | sutèng ulun aywa ta sira têmêni | rowangên bêksa kêmbang ||

43. hèh wong Tuban lah poma sirèki |

--- 393 ---

ladènana bêksane Ki Rôngga | yèn kênaa sênjatane | ingsun têtêk gulumu | poma ayya ta sira lali | pan iku sutaningwang | kapirare dangu | sun juwing sawalang-walang | kulitira ngong karya tongtonan iki | anèng nagri Mataram ||

44. Kakang Senapati ing Matawis | putrandika Radèn Rôngga ika | wali-wali ulun akèn | tan mangkat dening takut | dhatêng tuwan sutanirèki | lah atagên dèn agya | Radèn Rôngga iku | karantên tutug asuka | abêbaksan wayahe wong anom pêkik | kêdah tinon ing janma ||

45. Senapati ing Ngalaga angling | sutèng ulun Radèn Rôngga kita | lah tumandanga dèn age | tamèng towok pinundhut | pan gotong pat tamèngirèki | waja ingkang kinarya | kotbuta dinulu | gotong kalih towokira | sarêng katon kagèt Adipati Tubin | satuwuk dèrèng mulat ||

46. tan kumêdhèp dènira ningali | padha malongok wadya ing Tuban | padha ngucap jro nalane | nora layak puniku | gêgamane manusa iki | tan ana tanah Jawa | kang kadya puniku | anulya sira tumandang | Radèn Rôngga tamèng towok dèn gèmèli | ngumbulakên ngawiyat ||

47. towokira mibêr kadi pêksi | alap-alap katone saalab | anulya mundhun[52] sirage | pan tinadhahan pupu |

--- 394 ---

myang tinundha sinôngga gigir | murub tumibèng jaja | sanjata pan lêbur | mantri Pajang sami cingak | Adipati ing Tuban kucêm ningali | kasoran wadyanira ||

48. Adipati ing Tuban sigra ngling | hèh wong Tuban bêksa têmênana | gêlarira dèn angêntèk | karo pan padha têguh | pan pracaya ulun ningali | karo padha digdaya | pan sarênga nuduk | apan sampun kinêjepan | dening gustinira Dipati ing Tubin | bêksa nêkakkên gêlar ||

49. Radèn Rôngga sinuduk tan gingsir | ngiwa nêngên towok tan tumama | lwir lalêr mencok rikate | panudukira luput | duk dinêdêl tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilapat tuhu | cihnaning ayun lan baka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring janma satata ||

50. Radèn Rôngga datan amalêsi | sakeca wau dènnya ambêksa | anêlasakên solahe | Dipati Tuban muwus | Radèn Rôngga malêsa aglis | apan padha digdaya | padha têguh têguh | ing ulun sampun pracaya | pira bêtah sira nora amalêsi | rêmêk wasananira ||

51. kinèn malês sapisan ping kalih | tri tan miyang Radèn Rôngga ika | maksih eca baksa tamèng | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Matawis | Radèn Rôngga punika | ulun atag sampun |

--- 395 ---

amalêsa ing wong Tuban | datan arsa yèn botên kita abani | lah ta kènên malêsa ||

52. Senapati ing Ngalaga angling | sutèng ulun lah Rôngga malêsa | pan gustinira kang akèn | Radèn Rôngga anuhun | nulya sèlèh sanjata aglis | tumandang karo tangan | pinapag anêmpuh | wong ing Tuban tinanganan | kapisanan mukanya pêcah wor gêtih | kulit katut ing tangan ||

53. Mantri Pajang gawok aningani[53] | kawilotamane Radèn Rôngga | gègèr lolos mantuk kabèh | prapta ing Pajang sampun | mangsêh cundhuk maring sang aji | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | Pangeran Banawa ngrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | Risang Sutawijaya ||

54. Pangran Banawa matur ngabêkti | sampun kawula dhatêng Mataram | amaspadakkên tingkahe | Senapati puniku | datan wontên tilase balik | malah ulun pinapag | Ngrandhulawang suguh | asêgah dhatêng kawula | sinungga-sungga ulun ingkang abukti | têlas wadya Mataram ||

55. sakathahe dêdamêl Matawis | gajah jaran lawan èstrinira | amêthuk têka rabine | sumôngga karsèng ulun | miwah wana isine ênting | banthèng kidang manjangan | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing ulun ngêpêti | ya ta tut prathaya ||[54]

56. pun tumênggung amôncanêgari [amôncanê...]

--- 396 ---

[...gari] | sigra matur dhatêng Sultan Pajang | inggih yaktos pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga nênggih | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata yêktos kakang Senapati | ambalik ing sang nata ||

57. ing takarne[55] tyas ulun puniki | kakang Senapati ing Ngalaga | yèn papagêna jurite | dêdamêl Pajang sèwu | sinarênga mara ajurit | pasthi datan anôngga | widagda atêguh | Senapati pan satunggal | digdayane lêwih kang wong sanagari | têpis wiring rat Jawa ||

58. Sultan Pajang kapita ing ati | amiyarsa aturing punggawa | myang tanaya lan mantune | anarka lamun nêmpuh | ing têmahe prana ing jurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | môngsa sira goroha maring ing kami | sakèhe aturira ||

59. Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[56] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | môngsa iki ngrusak ing kami | môngsa iku doraa | pan nagarinipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya ||

60. sun tuture kakangirèng nguni | kala bocah dadi ponakawan | ingsun raina asare | Senapati atunggu |

--- 397 ---

anèng dagan ingsun aguling | ana karsane Suksma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringwang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula pinêdhot pjah ||[57]

61. wis mêngkono ingsun acakrami |[58] marang wana ing rame sêmana | anggêrit sangsam myang banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri Pajang kapisah | kalawan ing ulun | anggiring banthèng manjangan | apan ulun katungkul dening anggrêrit | kalawan garwaningwang ||

62. wus mangkana ana banthèng kanin | nulya ngamuk tan ana amapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati amêthuk | nyêkêl sungu pan siji sisih | rosa ingkang andaka | pokah ingkang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sdhênge lagi bocah ||[59]

63. mêngko malih sangsaya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | widêgda ing sasmitane | amikanakên sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lwir gon ngong yoga brôngta ||

37. Asmarandana

1. datatita lingnya nguni | kocapa Tumênggung Mayang | atmajanya bagus anom | Radèn Pabelan namanya | dahat tan arsa krama | yayahnya saha pitutur | sangêt pamrêdèng

--- 398 ---

ing suta ||

2. pakartine saha nilib | tansah kinèn akramaa | nanging tan arsa ing mangke | ramanya pêgêl ingkang tyas | dènnya gung ambalasar | tan apilih papan iku | tan wruh mantri myang sudagar ||

3. yyan ana kang sênêng galih | apilih kang nora kêna | saking baguse rahadèn | yayahnya wus pêgêl ing tyas | sêdya pinrih parastra | ring rama ngartikèng kalbu | sira Ki Tumênggung Mayang ||

4. sêdya pinanjingkên puri | parastra aring karenah | tan tahan matyani dhewe | dadya aring pamisaya | kalêpataning sultan | kênaa ring jangjinipun | kapindho dadyaning cidra ||

5. sutanya agya dèn syèngi | kang nama Radèn Pabelan | hèh pêcil timbalana ge | sutèng ulun Ki Pabelan | dutanira gya kesah | prapta ngarsane kang sunu | sigra ingkang duta mojar ||

6. ulun kinèn animbali | ing radèn de rama tuwan | dèn agya ring wawêlinge | Radèn Pabelan busana | sarya ngling mring sang duta | apa paman wadinipun | ulun ngandikaning rama ||

7. witning kapengin ngong iki | jamak wong asring ngandikan | ayya wèt rama mêngkene | tansah kèndêl ngêmu duka | mung mangke ngong ngandikan | baya ta lêjar tyasipun | rama ngong Tumênggung Mayang ||

8. anulya radèn aglis prapti |[60] ing dalême ramanira | duta umatur sira ge |

--- 399 ---

hèh kiyai suta tuwan | wus prapta ing pasowan | Tumênggung Mayang gya muwus | suta ngong kon tumanduka ||

9. sigra rahadèn wus kering | prapta ngarsane kang rama | agya ngabêkti rahadèn | ring yayah sigra lingira | payo kita linggiha | Radèn Pabelan wotsantun | tumamèng malunggyèng ngandhap ||

10. marma kita suta mami | ngong syèngi mring ngarsaningwang | lah payo sutèngong anggèr | kita milihana kanya | sutaning pra bupatya | myang sudagar ingkang sunu | miwah sambewarèng Pajang ||

11. muwah pangulu myang kêtib | êndi nyawa kasênêngan | agya nuli ngong lamare | ecane mangkya tyas ingwang | putranira gya nêmbah | rikala mangkyamba nuhun | maksih suka rênèng nglamba ||

12. ri kang yayah sigra angling | ngong taman duga karsanya | rèhnya rêmên nglamba bae | kadya dudu trah satriya | kang kadya kita uga | sok wanodya apinrunggul | tan amawi sasamanya ||

13. nadyan kita rèh anilib | ngagyaa sama-samanya | parastra utama linge | ayya nilib sok kênyaa | ambêbêktèng ing yayah | rahadyan nêmbah umatur | rama sintên kang sudia ||

14. sutèngsun lah karsa mami | yyan kita kêdah balasar | yya tanggêl ing karsaningong | parastra utamèng ucap | yèn kêna dadi putra | yya tanggêling karsaningsun | Radèn Pabelan tur sêmbah ||

--- 400 ---

15. wruhanira karsa mami | rêtnayu sêkar kadhatyan | iku lêbonana anggèr | ayya tanggung ing rèhira | sok si kita wanuha | agampang jêjabanipun | sok kênaa si jêronya ||

16. watêking suta pawèstri | yêkti tan pinrih coraha | yyan wus kaangkêh ring jrone | lah agya kita midhanga | iki kita gawaa | apan dyah sêkar kadhatun | ri sabên dina putusan ||

17. pan rêmên saliring sari | sabên dina aputusan | iya mung sêkar rêmêne | kênonga lawan cêpaka | malathi gambir muwah | adhangêna ing dalanggung | galedhegan kang prayoga ||

18. wong sêdya tumbas dèn wèhi | sêkar yakti lintang bungah | lah uwis miyanga age | mupung môngsa ramya pasar | Radèn Pabelan sigra | tumampi cêconthong sampun | mèsi sêkar myang sêratnya ||

19. apan lininting kang tulis | ngulêsan sêkar kanonga | anèng sadalêm caconthong | tan katon yèn binukaa | lamun tan winêdhara | saking writ rèh darbe kayun | rahadyan agya lumampah ||

20. galèdhègan sampun prapti | rumakêt ing pipya kanan | sarya amirong rahadèn | kapargatana putusan | mijil sangking jro pura | dutanira radèn ayu | anama Êmban Angsoka ||

21. sigra dènnya amarêki | radyan mring Êmban Angsoka | kagyat wruh baguse radèn |

--- 401 ---

ni êmban kenyut tyasira | gya têtanya rahadyan | bibi ulun tambung laku | kita mandhêga sakêdhap ||

22. ulun atanya sayêkti | kita iki bibi sapa | mring pasar ingkang akokon[61] | ki êmban aris aturnya | ulun ingkang putusan | sang rêtna sêkar kadhatun | dinuta tumbasa sêkar ||

23. kapargata kita bibi | kita dinuta mring pasar | mring dyan Dyah Sêkar Kadhaton | mring pasar atumbas sêkar | bibi yya kita tumbas | skar ulun kang jumurung |[62] atur sêkaring rahadyan ||

24. nikèn êmban sukèng galih | cipta ring tyas tan kangelan | anari kang asung bae | dadya ngong taman atumbas | ni êmban sigra mojar | lah bilih tinanyan ulun | bagus sapa kita nama ||

25. Radèn Pabelan sigra ngling | manawa rêtnaning pura | atanya ring angganingong | yêkti ulun sutanya |[63] inggih Tumênggung Mayang | Pabelan ring aran ingsun | ni êmban kagyat miyarsa ||

26. ni êmban ngartikèng ati | iki si baya rupanya | kang kalok ingalêm ngakèh | kabèh kang wong dalêm pura | samya kanyut ing warta | mangkya wêruh dhawak ulun | tuhu yyan bagus anawang ||

27. radyan wus ingatag mulih | ni êmban mantuk jro pura | angaturakên sêkare | samana Radèn Pabelan | apan wus mantuk sira | wus prapta ing dalêmipun | dalême

--- 402 ---

Tumênggung Mayang ||

28. lajêng malêbêt sirèki | kyai tumênggung alênggah | mulat ring suta ingawe | tumama suta wotsêkar | kya tumênggung gya mojar | apa lèh karya sutèngsun | rahadèn matur wotsêkar ||

29. inggih sampun dèn tampèni | mring dutanira Ratu Mas | awasta Sêkar Kadhaton | sigra mojar ramanira | yèn tulus katampana | apan luwange srat ingsun | pasthinya agya putusan ||

30. anadene iku benjing | yèn rêtnaning rat putusan | gya têmonana dèn age | tur datan lyan kang dinuta | pasthi kang tômpa sêkar | iku besuk kang ingutus | poma nuli lêbanana ||

31. yyan kita benjing pêpanggih | kita ajaka sasêtyan | nadyan malang sêntanane | kang tan amêthuki sira | sok si wus kakênana | môngsa pinrih wirangipun | watêk wong sanak wanodya ||

32. sigêgên kang nêdya nilib | ucapên kang anèng pura | Rahadyan Sêkar Kadhaton | putrinya Jêng Sultan Pajang | putri dinama-dama | dahat endah warnanipun | wus lêwih saking diwasa ||

33. ri uwus surup hyang rawi | ni êmban pan tinimbalan | sigra dhatêng ing ngarsane | biyang ingsun takon warta | apa sira wus wikan | kêmbang kita bêkta iku | biyang ing jro isi layang ||

34. biyang dupi ngong ungkabi | ngong waca unining layang | ati ngong tambuh rasane |

--- 403 ---

unining layang mangkana | têmbunge angawula | yèn katampèn jêng mas ratu | nuli age utusana ||

35. ri sampun radyan sung warti | mring êmbanira sêmana | tumulya mujung asare | tambuh surasaning nala | kêna ngasmaratura | asmara kirim kalêbu | kang kabêkta ring ni êmban ||

36. wusing asare anglilir | ngandika maring ni êmban | biyang nora mêkas manèh | enjang nulya wêtonana | antêpên ing tyasira | gènnya kintun sêkar tuhu | nulya konên malêbua ||

37. ya ta kawarnaa enjing | nikèn êmban sigra mêdal | panggih lan sira rahadèn | nèng galedhegan ngunika | ni êmban sigra mojar | inggih sêrat kita katur | ingkang andika ratu mas ||

38. yèn tulus kang kitun[64] tulis | yakti biyang ngong cêcadhang | ingkang sabda gustiningong | saujarnya Radèn Pabelan |[65] lah sampun walang driya | lah bibi andika mantuk | mangkya ratri ngong tut wuntat ||

39. ni êmban sira gya mulih | warnanên Radèn Pabelan | wus umatur ing ramane | kang nama Tumênggung Mayang | kadya punapèng karsa | rèh ulun wus pasthi sanggup | sanggup ulun gya tut wuntat ||

40. kya tumênggung sigra angling | aywa kita mêtwèng lawang | mênawi wruh wong kêmite | karsaningsun lêbunira | marga apagêr bata | gampanga sira yèn mêtu | aywa na rikang wong wikan ||

41. putranya ling awotsari | ulun dahat nuhun duka |

--- 404 ---

dening tan kadugi ingong | yèn amargaa punika | yayahira gya mojar | cabar têmên sutèng ulun | kadya dudu trah Sêsela ||

42. lah payo ngong atêr ugi | môngsa kita ngong tegakna | wus payo sêdhêng wayahe | wis môngsa sirêping janma | payo kita dandana | sigra busana dyan sunu | ki tumênggung ngatêr putra ||

43. Radèn Pabelan pan sami | wus angrapid lan kang rama | pagêr bata dalêm gêdhe | Tumênggung Mayang lingira | iki lah apalêna | lamon kita arsa mêtu | yèn kita angusap bata ||

44. sutanya winêjang sisip | darapon tan bisa mêdal | ika paprihe yayahe | sigra pagêr bata ngusap | dera Tumênggung Mayang | gya mêndhak pagêr bata gung | sêktine Tumênggung Mayang ||

45. lah kita manjinga aglis | ing benjing yèn kita mêdal | usapên kaya mêngkene | sigra kang putra jumangkah | malêbêt ing jro pura | kang banon ingusap sampun | wus mulih kadya ing saban ||

46. Tumênggung Mayang wus mulih | sampun sakeca manahnya | de suta wus manjing ing jro | kadhaton Radèn Pabelan | ênêngêna ramanya | warnanên sang murtining rum | kang nama Sêkaringpura ||

47. kasmaran kadya wus uning | sangête ing bratanira |[66] tansah rêngêng-rêngêng bae | supe dhahar myang anendra | kang tansah anèng nala | atmajane kya tumênggung | kang karya rêntênging nala ||

--- 405 ---

48. apan wus anèng jro puri | nanging pawongan tan wikan | duk sirêp jalma lêbête | kang langlang tan kapangguhan | radèn tate andhustha | lan malih wus takdiripun | dadya bêbantên Mataram ||

49. Radèn Pabelan rumampid | ing bangsal pasreyanira | sang dyah Dyan Sêkar Kadhaton | radèn jumangkung kewala | mring dyah bok katambêtan | mila ring tyas rangu-rangu | radèn mangsit ing bêbalang ||

50. kinarya balang karikil | wangsit pasreyan Ratu Mas | apan kumlèthèk swarane | kagyat ngartika Ratu Mas | dhasar wus sangêt brôngta | mila Ratu Mas gya mêtu | umadêg mêdyaning latar ||

51. sigra rahadyan marpêki | saha ngucap ing tyasira | baya iki sêsotyane | gandanya dudu parêkan | radèn sêsèndhèn pucang | nanging sang rêtna dèrèng wruh | sangking dahat pêtêngira ||

52. dahat kewran ing jro ati | ring mangkya Radèn Pabelan | rèhing dèrèng wruh lamine | manawa kagyat anjrita | yèn iki ngong cêkêla | tamah[67] dèrèng ngaras lampus | mangkana ring ciptanira ||

53. saputêkirèng jro ati | dupi mirsa swaraning dyah | têka puruning tyas radèn | sarêng obah gya sinapa | de sang lêsmining pura | sapa baya wonge iku | aris ature rahadyan ||

54. ulun pan têtiyang Jawi | atmajanipun pun Mayang | lumêbêt marêk nah agèr |[68]

--- 406 ---

sumadya ngabdèng kusuma | Ratu Mas lon ngandika | sarta nyandhak asta gupuh | si ludhês kagungan manah ||

55. rahadèn aris dera ngling | tan nêdya purun bandara | saking tinimbalan anggèr | yakti ajrih acêlaka | apan dede sasama | yyan ingajan[69] yakti purun | nadyan gusti yèn winênang ||

56. Ratu Mas anganthi linggih | malêbêt ing pasarean | mênga tumangkêp samire | kang pawongan tan uninga | sampun sirêp sadaya | Ratu Mas dhatêng kang kayun | pan tan ana sinantaha ||

57. yèn siyang agung aguling | yèn atri gung pulang raras | kacarita ing lamine | Radèn Pabelan wanuhnya | lan Sang Rêtnaning Pura | kacatur pan tigang dalu | kang sawênèh tigang dina ||

58. Ratu Mas Sêkaring Puri | asare pangkwaning priya | ri sampuning akarêsmèn | Radèn Pabelan tinanyan | sinambi gêgujêngan | kakang atêtanya ingsun | pundi marga manjing pura ||

59. rahadyan aris nauri | punapa ratu andika | atakèn ing lêbêt ingong | marginingwang pinariksa | sok sampun wontên wikan | pan botên pilih dalanggung | watêk ngong yèn darbe karsa ||

60. Ratu Mas sigra dènya ngling | mila ulun atêtanya | mênawa cuwa tyas ingong | êgèningsun angawula | kakang dhatêng ing dika | yèn lampahira dinangu | pasthi kawula kang cuwa ||

61. panêdha ulun puniki |

--- 407 ---

kakang ing lampah andika | mugi tulusa sêdyane | yèn tulus lampah andika | pasthi tulus kawula | ênggèn angèngèr wong bagus | anèng nagara ing Pajang ||

62. Ratu Mas ingêmban aglis | sarya ingaras lathinya | sapa iki kang aduwe | gusti kang bêkti ing priya | sêsotyane ing Pajang | kang murbèng jroning kadhatun | gustinipun pun Pabelan ||

63. ingaras awanti-wanti | Ratu Mas ngladosi karsa | watêk dyah nêlas balège | kakung sêmunya ing karsa | lwir ancur munggwèng papan | rakêting dyah lawan kakung | mangkana upamakêna ||

64. Radèn Pabelan lingnya ris | maring dyah sêsotyèng pura | anggèr mendahane têmbe | upamakna wong andagang | bathia putra lanang | kang bagus lir yayahipun | mandah katura Jêng Sultan ||

65. kusumèng puri sira ngling | myang sira Radèn Pabelan | kadya punapa wêkase | ing lampah lami nèng pura | daya yèn kajambara | tan kawatir manah ingsun | inggih yèn sampun kajambar ||

66. Radèn Pabelan lingnya ris | anggèr nadyan kajambara | andhatêngana dukane | gusti môngsa ngong gingsira | nadyan tumêkèng pêjah | atadhah dêdukanipun | ing ramanira jêng sultan ||

67. mila kakang sampun lami | wontên sajroning kadhatyan | manawi wontên kang anon | nadyan wontêna uninga |

--- 408 ---

yèn sampun sultan lila | tan kawatir manah ingsun | atut Rahadèn Pabelan ||

68. nanging kakang wangên mami | sapêkên ana ing jaba | aja lawas-lawas bae | kakang tan abêtah pisah | kakang lawan andika | sang dyah mêdyane rinangkul | pan sarwi ingaras-aras ||

69. iya ingsun mêdal gusti | anggèr mêngko wayah apa | Rahadyan Sêkar Kadhaton | nauri sarya ingaras | wayahe mangkya kakang | bakda ngisa wayahipun | iya mundura ngong mêdal ||

38. Durma

1. Sigra mêdal sira Rahadèn Pabelan | sampun amatak aglis | kang èsmu sadaya | kang wong langlang tan wikan | lampahe radyan gya prapti | pigir[70] sagaran | riwut pêtênging ratri ||

2. agya dhatêng pigir banon agêng radyan | marganira duk manjing | rahadèn saksana | èsmu wuruking rama | gya winatêkakên aglis | banon ingusap | tan kêna obah nênggih ||

3. èsmunira ping kalih matêk ping tiga | pamatêkira nênggih | banon tan kêna bah | pêgêl tyasira radyan | mangkana ngartikèng ati | radyan angrasa | yèn kalêbèng piranti ||

4. yèn angucapa sira Radèn Pabelan | nadyan tumêkèng pati | mangke awak ingwang | aja mati priyoga[71] | matia kalawan putri | Sêkar Kadhatyan | nulya wangsul sira glis ||

5. duk samana Rahadyan [rahadya...]

--- 409 ---

[...n] Sêkaringpura | apan dèrèng aguling | nulya lampahira | radyan prapta ing latar | lajêng malêbêt sira glis | ing pasarean | radyan mêksih alinggih ||

6. gya sinapa de Radèn Sêkaringpura | kakang pagene bali | lah wontên punapa | baya wontên wong langlang | Radèn Pabelan nauri | dhuh gustiningwang | tan bêtah pisah gusti ||

7. yèn sidaa pêsthi pêjah raganingwang | mulane yayi bali | nulya kang pawongan | pan samya amiyarsa | sakyèh pawongan samya ngling | bekane ingwang | mirsa kakung swarèki ||

8. kakung uga kang kapirsa iki iya | apocapan lan gusti | apa jêng ratu mas | bekane acarita | kang sawiji anauri | durung miyarsa | ratu mas caritèki ||

9. yèn mêngkono bekane lah nyatakêna | swara kapirsa iki | apan sun watara | ngêndi ana carita | kalih dalu nora uwis | lajêng Ratu Mas | kawan dalu tan mijil ||

10. yèn gustimu bekane oliha bedhang | wong patang puluh iki | pasthi pinêjahan | dening Jêng Sultan Pajang | rêrêksan kalêbon sandi | yèn tan matura | kaya pa dayanèki ||

11. payo matur manawa kadhiminan |[72] sira mring wong tamtami | ora wande pêjah | sira kalawan ingwang | payo bekane dèn aglis | matur mring Sultan | nulya malajêng sami ||

12. praptanira ngajêngan para parêkan | sami konjêm ing

--- 410 ---

siti | sarêng aturira | mring Kajêng Sultan Pajang | ngaturakên pati urip | Sultan kawula | tiwas ngrêksa ing gusti ||

13. sigra mojar Sultan Pajang ing parêkan | tiwas apa sirèki | ngrêksa gustinira | parêkan matur samya | kawula kalêbon sandi | nênggih kang aran | pun Pabelan sang aji ||

14. sarêng mirsa sultan aturing kawula | jaja lir mêtu agni | kumêdut kang lathya | tingal andik lwir surya | ujwala lwir wonga-wari[73] | wadananya bang | cihna duka dhatêngi ||

15. hèh parêkan timbalana wong tamtama | sakèri kanan aglis | padha kita kona | manawa sapanêkarnya |[74] parêkan lampahnya aglis | praptèng pasowan | wong tamtama kapanggih ||

16. hèh priyayi tamtama nêdha ngandikan | malêbêt ing jro puri | jajar dèn gawaa | lah anêdha dèn enggal | parêkan lampahnya ngarsi | praptèng ngajêngan | umatur ing nrêpati ||

17. atur uninga sultan lampah kawula | animbali kang abdi | tamtama sadaya | sri manganti wus prapti |[75] sultan ngandika dèn aglis | lah lêbokêna | parêkan glis nimbali ||

18. Ki Ngabèi Wiratanu lah ngandikan | kalayan Ki Ngabèi | Surakarti dika | kalih pan sampun prapta | ngajêngan dira sang aji | sultan ngandika | maring Ki Surakarti ||

19. Surakarti hèh Wiratanu ta sira | patènana

--- 411 ---

dèn aglis | kang anèng jro pura | banthèng sungu kancana | kang anyudhang putri mami | pacuwan sira | dèn mati padha mangkin ||

20. Surakarti Wiratanu kang dèn bêkta | sadasa sisih sami | pan sigra lumampah | kaputrèn wus kinêpang | nulya linêbêtakên aglis |[76] mantri satunggal | dalême sang dèwi ||[77]

21. parêkannya Ratu Mas wus winangsitan | pan sami kesah aglis | Ratu Mas sêmana | kantun arêrangkulan | radèn ayu angapithing | dhatêng kang raka | wus sêdya barêng mati ||

22. ki ngabèi ningali Kajêng Ratu Mas | nulya mundur sira sri | sami parêmbagan | hèh kônca kaya ngapa | gènira narajang iki | Kangjêng Ratu Mas | datan bênggang sanyari ||

23. Ki Ngabèi Surakarti nulya ngucap | lah mêngko ta dèn ririh | nanging wêkas ingwang | samôngsa ngong watuka | nulya malêbua sami | aja salaya | kabèh sakônca mami ||

24. Ki Ngabèi Surakarti sigra mangkat | malabêt sira aglis | aris dènnya ngucap | anak ingsun Pabelan | tingalana ingsun iki | Radèn Pabelan | miyak samirirèki ||

25. anak ingsun lamon sira têkèng pêjah | pun paman kang belani | pan ingsun winênang | sarupane jro pura | sultan wus pracayèng kami | wong dosa pêjah | yèn ingsun kang malangi ||

--- 412 ---

26. apan ingsun pinrêcayèng kangjêng sultan | jêjaluka sirèki | payo sutaningwang | kang tumênggung pracaya | mapan ingsun wus winêling | mring ramanira | ya polahira iki ||

27. Radèn Pabelan dêlalahe yèn pêjah | têka ngandêl sirèki | nulya sira wudhar | sarwi sira angucap | radèn ayu ingsun mijil | lah uculêna | man ngabèi nangguhi ||

28. man ngabèi wus winêkas maring rama | dening tingkah ngong iki | nulya radèn mêdal | miyos ing palataran | sêdyane radèn ngujungi | dhumatêng sira | Ngabèi Surakarti ||

29. sarêng dhêku kang wingking sira narajang | sarêng panuduknèki | radèn kapracaya |[78] datan kongsi sêsambat | kapisanan nuli mati | arang karanjang | kaninira nêmbusi ||

30. sampun mati binuwang kali Lawiyan | kang rama tan mirsèki | pan ganti rong dina | tumênggung dènnya mirsa | yèn kang putra sampun mati | pan sinudukan | sampun binuwang kali ||

31. sasampune pêjah Rahadèn Pabelan | anuli dèn timbali | Ki Tumênggung Mayang | dinukan Kajêng Sultan | arsa tinundhung tumuli | marang Sêmarang | ingajab dhangdhanggêndhis ||


ira (kembali)
ira
mêsat (kembali)
mêsat
singgih (kembali)
singgih
tan (kembali)
tan
wilujênga (kembali)
wilujênga
ati-atinên (kembali)
ati-atinên
katunan (kembali)
katunan
tangguh (kembali)
tangguh
Kurang satu suku kata: sultan cahyane nuring rat (kembali)
Kurang satu suku kata: sultan cahyane nuring rat
10 Lebih satu suku kata: kang pantês binasan uwa (kembali)
Lebih satu suku kata: kang pantês binasan uwa
11 Kurang satu suku kata: kang pantês binasanan (kembali)
Kurang satu suku kata: kang pantês binasanan
12 kêkonyoh (kembali)
kêkonyoh
13 Kurang satu suku kata: sadayanya sami abusana (kembali)
Kurang satu suku kata: sadayanya sami abusana
14 Kurang satu suku kata: Senapati ing Ngalaga tartib (kembali)
Kurang satu suku kata: Senapati ing Ngalaga tartib
15 Kurang satu suku kata: cihnane ayun numbaka (kembali)
Kurang satu suku kata: cihnane ayun numbaka
16 junjung (kembali)
junjung
17 pintu (kembali)
pintu
18 pandhan (kembali)
pandhan
19 tunggu (kembali)
tunggu
20 sutaningsun (kembali)
sutaningsun
21 Kurang dua suku kata: hèh Kiyai Juru putra tuwan (kembali)
Kurang dua suku kata: hèh Kiyai Juru putra tuwan
22 Lebih satu suku kata: punang lintang sigra dènira ngling (kembali)
Lebih satu suku kata: punang lintang sigra dènira ngling
23 cihna (kembali)
cihna
24 durung (kembali)
durung
25 kadipundi (kembali)
kadipundi
26 dudu (kembali)
dudu
27 pêpanggih (kembali)
pêpanggih
28 kêni (kembali)
kêni
29 cihna (kembali)
cihna
30 Kurang satu suku kata: lir agnining naraka (kembali)
Kurang satu suku kata: lir agnining naraka
31 Kurang satu suku kata: têtamanan kaot (kembali)
Kurang satu suku kata: têtamanan kaot
32 inggile (kembali)
inggile
33  paleroki (kembali)
paleroki
34 kèngkèn (kembali)
kèngkèn
35 kardi (kembali)
kardi
36 kantuna (kembali)
kantuna
37 kandhahan (kembali)
kandhahan
38 Kurang satu suku kata: anrahakên pêjah gêsang (kembali)
Kurang satu suku kata: anrahakên pêjah gêsang
39 Kurang satu suku kata: kadya gunung gêdhene kalawan inggil (kembali)
Kurang satu suku kata: kadya gunung gêdhene kalawan inggil
40 Kurang satu suku kata: pasthi dadine ratu (kembali)
Kurang satu suku kata: pasthi dadine ratu
41 Kurang dua baris ke-3 dan ke-4: 8e, ... dan 7u, ... (kembali)
Kurang dua baris ke-3 dan ke-4: 8e, ... dan 7u, ...
42 Kurang empat suku kata: ... (kembali)
Kurang empat suku kata: ...
43 Banawa (kembali)
Banawa
44 Kurang satu suku kata: gajah lan jaran samêkta (kembali)
Kurang satu suku kata: gajah lan jaran samêkta
45 umunggah (kembali)
umunggah
46 ingsun (kembali)
ingsun
47 alêkas (kembali)
alêkas
48 Kurang satu suku kata: botên nusul têtiyang ing Tuban (kembali)
Kurang satu suku kata: botên nusul têtiyang ing Tuban
49 abêbêksan (kembali)
abêbêksan
50 Kurang satu suku kata: wantune tiyang desa (kembali)
Kurang satu suku kata: wantune tiyang desa
51 punggung (kembali)
punggung
52 mudhun (kembali)
mudhun
53 aningali (kembali)
aningali
54 Kurang satu suku kata: ya ta tut prakathaya (kembali)
Kurang satu suku kata: ya ta tut prakathaya
55 tarkane (kembali)
tarkane
56 wardayaningwang (kembali)
wardayaningwang
57 Kurang satu suku kata: ula pinêdhot pêjah (kembali)
Kurang satu suku kata: ula pinêdhot pêjah
58 acangkrami (kembali)
acangkrami
59 Kurang satu suku kata: sêdhêngê lagi bocah (kembali)
Kurang satu suku kata: sêdhêngê lagi bocah
60 Lebih satu suku kata: anulya radèn glis prapti (kembali)
Lebih satu suku kata: anulya radèn glis prapti
61 akongkon (kembali)
akongkon
62 Kurang satu suku kata: sêkar ulun kang jumurung (kembali)
Kurang satu suku kata: sêkar ulun kang jumurung
63 Kurang satu suku kata: sayêkti ulun sutanya (kembali)
Kurang satu suku kata: sayêkti ulun sutanya
64 kintun (kembali)
kintun
65 Lebih satu suku kata: sojarnya Radèn Pabelan (kembali)
Lebih satu suku kata: sojarnya Radèn Pabelan
66 brangtanira (kembali)
brangtanira
67 têmah (kembali)
têmah
68 anggèr (kembali)
anggèr
69 ingajak (kembali)
ingajak
70 pinggir (dan di têmpat lain) (kembali)
pinggir (dan di têmpat lain)
71 priyôngga (kembali)
priyôngga
72 Kurang satu suku kata: payo matur bokmanawa kadhiminan (kembali)
Kurang satu suku kata: payo matur bokmanawa kadhiminan
73 wora-wari (kembali)
wora-wari
74 Lebih satu suku kata: mawa sapanêkarnya (kembali)
Lebih satu suku kata: mawa sapanêkarnya
75 Guru lagu seharusnya: 7a, sri manganti wus prapta (kembali)
Guru lagu seharusnya: 7a, sri manganti wus prapta
76 Lebih satu suku kata: nulya linêbêtan aglis (kembali)
Lebih satu suku kata: nulya linêbêtan aglis
77 Kurang satu suku kata: dalême sang adèwi (kembali)
Kurang satu suku kata: dalême sang adèwi
78 kaprajaya (kembali)
kaprajaya