39. Dhandhanggula

1. Dyan punika kang winuwus malih | garwanira Ki Tumênggung Mayang | nênggih punika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri[ma...]

--- 413 ---

[...ntri] | nira Sultan Pajang |[1] pan olèh bêbêndu | tinundhung marang Sêmarang | mantri sèwu punika ingkang angiring | mangkat maring Sêmarang ||

2. Tumênggung Mayang wau kang èstri | andutakkên ambêkta nawala | praptèng ing Mataram age | lumêbêt ing kadhatun | mangsah cundhuk lan Senapati | manêmbah ing suku sa |[2] mangusapi lêbu | nuli ngaturakên layang | tinanggapan ing Senapati Matawis | layang nulya winaca ||

3. pèngêt kakang Senapati mami | olèh dukanira kangjêng sultan | pan kinesahkên ing mangke | Sêmarang karsanipun | mantri Pajang ingkang angiring | sèwu gêgamanira | padha sirèng ngêpung | ulun puniki yèn kêna | abdèkêna sumawita ing Mantawis | sampun lyan pangawulan ||

4. layang sampun wau sinasuwir | ingkang jaja upama têmbaga | apracihna sru dukane | lathinira kumê |[3] mukanira lwir wora-wari | ujwalanya baranang | kotbuta dinulu | Senapati ing Ngalaga | tingalnyandik ujwala apindha api | rêrêp sakyèhing wadya ||

5. Senapati ing Ngalaga angling | hèh samitra mantri pamajêgan | sami ngong têdha damêle | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | yayi Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sanggon kapapag | nulya sami sinangonan ingkang mantri | pamajêgan sadaya ||

6. jarijinya kinêbêkan singsim |

--- 414 ---

myang sêsotya kancana punika | gêbyar-gêbyar ujwalane | sêsotyanya bra murub | muncar warna lwir lintang ngalih | gumêbyar kadya kilat | asri yèn dinulu | asih sêtya ing wanodya | pracinane[4] rêtna widêgdèng pawèstri | dunya tinohan pêjah ||

7. mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe panarkaning nala | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun iki ing sihing gusti | tugêle jangganingwang | ulun praptèng lampus | pan panaur ingsun kurang | kêkathahên dananipun gusti mami | saurên de Hyang Suksma ||

8. mantri pamajêgan sigra amit | kapya mêsat sarêng nunggang kuda | mantri patang puluh kèhe | anandêrakên maprung | desa Kêdhu dipun dalani | prapta ing Jatijajar | wong Pajang kapangguh | dèn amuk de wong Mataram | mantri Pajang dêdamêl sèwu angisis | malaywa rêrangkangan ||

9. mantri pamajêgan dènnya jurit | ing tandange lwir macan ambabal | sarwi angêmbat watange | lumampah rampak ngamuk | maksih manggung luhur turanggi | wadya Pajang kacandhak | tinigas kang gulu | sirah winotên ing jaran | mantri catur dasa padha kuthah gêtih | padha kadi rinêngga ||

10. Ki Tumênggung Mayang pan wus kêni | dening mantrinira pamajêgan | patang puluh wau kèhe | wong Pajang kèhe sèwu | sami mulih sisaning mati |

--- 415 ---

lumaywa asasaran | praptèng alun-alun | tumama ing ngabyantara | sigra cundhuk Sultan Pajang nèng jro puri | kampita sira mulat ||

11. mantri Pajang matur sarya nangis | pun Tumênggung Mayang pan rinêbat | ing Jatijajar prênahe | wadya sèwu ingamuk | dening duta wadya Matawis | kathahe kawan dasa | kêkapalanipun | ingamuk inggiling kuda | wadya Pajang tinigas janggane kêni | Tumênggung Mayang kêna ||

12. wadya Pajang sakantuning mati | pan lumayu sami sowang-sowang | ulun pan tiwas ing gawe | wadya Pajang atakut | datan môngga puliha malih | Sultan Pajang ngandika | pan wis nyata iku | Senapati ing Mataram | pambalike dening amurwa ing jurit | lah payo linurugan ||

13. wus angrasuk busana ngajurit | dhuwung anyuriga lapis tiga | wau ika rasukane | maliyo wus rinasuk | bêbarkatan kang dhingin-dhingin | jimat têtambalangan | tiningalan murub | kaprawiraning ayuda | Sultan Pajang angandika dhatêng mantri | payo mangkata yuda ||

14. Sultan Pajang sigra nitih èsthi | pan ingiring dening wadyabala | kêrig mantri santanane | lêlayu umbul-umbul | endhe tamèng kalawan bêdhil | tumbak putih lan binang | trisula lan ganjur | towok kolêm lawan panah | myang suligi punang lêmbing amarapit |

--- 416 ---

lir kilat abarungan ||

15. mantri Pajang abusana asri | abêbadhong têtopong kancana | kêbêk sisim[5] jarijine | ajêjamang kêkalung | akulambi sangkêlat abrit | wanèh kulambi bapang | ana lèn baludru | ana maliyo myang sutra | ingkang sorah sari sinongkèt mas adi | akêre gêgênderan ||

16. warnanira lwir prawata sari | alêlaku angêbêki papan | Sultan Pajang makuthane | cinawi intên mancur | lwir baskara ujwala ngênting | sang hyang arka kasoran | ing ujwalanipun | kucêm asru lêwih merang | ujwalanya sinoma wus ambandhingi | lan sênêning makutha ||

17. Sultan Pajang agya sira prapti | pasanggrahane ing Parambanan | anuli baris kubênge | Senapati amêthuk | Randhulawang dènnya abaris | pêpêk saglar sapapan | wong dhomas akumpul | mèh surup sang hyang raditya | Arya Jamba pêpitu mantri Matawis | nabuh bêndhe pun Bicak ||

18. Gunung Kidul gènipun miyosi | tinumpukan kayu pan jinajar | sapêmbêdhil lêlongkange | sarêng ingobong murub | bêndhenira pun Bicak muni | angangkang kadi gêlap | ing kasanganipun | swarane lwir anèng tawang | Sultan Pajang [Pa...]

--- 417 ---

[...jang] amirsa pun Bicak muni | tyas kampita gya mojar ||

19. hèh prawata kidul sun tingali | dadi gêni unine Si Bicak | angangkang lêwih swarane | wong Mataram ngong dulu | kadya mêtu tan ana iki | gurnitanira ika | kadya gunung rubuh | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata amêmêdèni wong cili | dening tuwan ngandika ||

20. ing tarkane ing ulun puniki | maksih wani yèn adunên aprang | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun gawok lamon ajurit | pan widêgda arosa | lan atêguh-têguh | anyêkêla apan kêlar | mêjahana Senapati ing Matawis | wong kawan dasa kêlar ||

21. Sultan Pajang angandika aris | sutaningong Adipati Tuban | aja sira wani age | Senapati amungsuh | wruhanira wus têkèng jangji | ngalih cahya nur buwat | Senapati mêngku | ing tanah Jawa sadaya | pan aseba ing Senapati Matawis | iku ingkang tumômpa ||

22. datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | Ki Juru Martani age | nuli sira amuwus | hèh Ki Senapati Matawis | kadipundi rèhira | mapan ora wurung | amêsah ing Sultan Pajang | pira dohe lêt umpak kari sawêngi | benjang yèn sira aprang ||

--- 418 ---

23. ulun iki lêwih sangking isin | anon mukane mantri ing Pajang | yèn nêmpuha ing jurite | dening bapa lan sunu | silih ukih dènira jurit | Senapati gya mojar | kadya pa puniku | rèhira kang linampahan | ulun iki anut ing karsanirèki | jarwanana rèhira ||

24. Kyai Juru Amartani angling | yèn sambada lawan karsanira | uni ika sêmayane | kalawan Nyai Kidul | uwis sêdhêng mangke tinagih | kalawan kang kayangan | Marapi ing gunung | ing nguni pan asêmaya | maring ingsun ing mangke yêkti ngong tagih | mangke pan adhatêngan ||

25. Senapati ing Ngalaga angling | nulya angadêg tumêngèng tawang | angèstokkên ing jangjine | kalawan Nyai Kidul | nulya umyus mêsat ing langit | bayu bajra narajang | sêmpal kayu êrug | pracandhanya amarapal | prapta udan kumêrug awor lan angin | pratôndha yèn jim prapta ||

26. tan antara surak anèng langit | gurnitanya kadi langit rêbah | kadya gunung guntur kabèh | prakatha padha umung | antaraning wukir Marapi | nauri nulya bêngkah | kawah gumalêdhug | udan awu ingkang prapta | guntur gunung watu padhas lan karikil | longsor ladhu lumampah ||

27. watu agêng kathah kang winarni | sarêng ladhu

--- 419 ---

anèng kali Umpak | angèli ngingsor parane | pan sami cêcalathu | hèh wong batur kang gêdhe cili | sira iki ngandikan | amapaga musuh | apan ana Parambanan | Sultan Pajang yèku mungsuhira jurit | sawêngi kalahêna ||

28. Sultan Pajang miwah ingkang mantri | kagegeran dening ladhu minggah | narajang pasanggrahane | bala Pajang lumayu | sowang-sowang arêbut urip | anarka yèn kiyamat | dene watu nêmpuh | pasanggrahan pan dharatan | nora layak watu ladhu angunggahi | padha bisa angucap ||

29. Sultan Pajang balane angisis | apan sirna saha sanjatanya | binongkok binêkta mulèh | Sultan Pajang glis mundur | ing giligan gènnya miranti | laju maring Tambayat | karsane angujung | kunci sinorog tan kêna | Sultan Pajang angujung sangking ing jawi | sawusira gya mojar ||

30. hèh sang kunci apa ta karaning | lawang gêdhong sinorog tan kêna | pun kunci alon ature | pan jênêngira prabu | tan winênang dening Hyang Widdhi | tinampik jênêng tuwan | dening kang tinunggu | wong mati parêk ing suksma | cahyanira nuring rat pan wus angalih | anèng raja Mataram ||

31. Sultan Pajang sandeya ing ati | amiyarsa tuture wong tuwa | anulya sira asare | ana ing bale kêncur | salawase dènnya

--- 420 ---

aguling | dèrèng kadi punika | kanikmatanipun | nuli wungu dènnya nendra | adan mundur Sultan Pajang nitih èsthi | lumampah tibèng dalan ||

32. nulya sultan tandhu dèn titihi | lajêng gêrah sarira sadaya | dadya arêmbên lampahe | Senapati angrungu | lamun sultan gêrah ing margi | Senapati anyabrang | kali Umpak laju | ambêkta wong kawan dasa | kêkapalan nêrka ngatêrkên sang aji | bubar baris Mataram ||

33. wadya Pajang miwah ingkang mantri | padha kagèt dènira umulat | Senapati nusul age | untap-untapan sampun | para putra matur sang aji | Senapati Mataram | katingal anusul | ambêkta wong kawan dasa | watawise yèn sawawi lan sang aji | pinapak winangsulan ||

34. Senapati wadyabala kêdhik | apan sora ulun apranga |[6] dening wadya ulun akèh | Sultan Pajang amuwus | sutèng ulun kabèh sirèki | aja sira anarka | sora padha mungsuh | Senapati ing Ngalaga | kakangira gêgêntiningsun yèn mati | sanak tuwa sinêmbah ||

35. kakangira Senapati ugi | ngatêrakên ing ulun punika | dening asangêt marmane | apan wruh gêrah ingsun | pratandhane lêwih gumati | adarbe

--- 421 ---

wong atuwa | abêkti maringsun | ing benjang sapungkur ingwang | ingsun lalis dèn atut sira ing benjing | kalawan kakangira ||

36. yèn sira atut lan Senapati | ingsun lina jênêngira nata | Senapati kang agawe | pan iku gêntiningsun | kakangira Ki Senapati | lamun sira sawala | mring gêgêntiningsun | yêkti tan jumênêng nata | yèn sun lalis sanak tuwa angamini | ilang jênêng kawuryan ||

37. Adipati Banawa tan angling | amiyarsa tuturèng kang rama | miwah têka santanane | umung anèng dalanggung | pan sinêlêk lakunira glis | prapta nagarèng Pajang | tumamèng kadhatun | Senapati ing Ngalaga | pamondhokan desa Mayang iku nênggih | lawan sabaturira ||

38. Sultan Pajang amiyarsa mangkin | yèn kang putra mondhok desa Mayang | nulya aputusan age | duta prapta umatur | Senapati kita dèn sèngi | de ramanira Sultan | tumamèng kadhatun | Senapati sigra mojar | hèh sang duta matura maring sang aji | amit ulun katuran ||

39. amit mangkin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsaning Hyang | aturêna dipun age | dutanira pan wangsul | mring jro puri cundhuk sang aji | matur mring Sultan Pajang | Senapati nêkung | maladi samadiningrat | desa Mayang wayah têngah dalu

--- 422 ---

mangkin | pun Juru Taman prapta ||

40. amêng-amêngane Senapati | gêdhenira pan sagunung anak | mêndhêk ngalosod ngarsane | pan Juru Taman matur | Senapati tuwanku singgih | manawi darbe karsa | angrabasèng prabu | ing Pajang ulun lumampah | pjah gêsang pan ulun ikang nglêboni |[7] tuwan kantun awirya ||

41. Senapati ing Ngalaga angling | Juru Taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umaring | Juru Taman anêmbah | anulya tumanduk | malêbêt maring kadhatyan | Sultan Pajang kapanggih gêrah alinggih | binithi jajanira ||

42. Sultan Pajang kantaka gumuling | tinangisan dening para graha | tanapi putrane kabèh | aramya gumarumung | sarêng enjing Sultan anglilir | saya sangêt kang gêrah | Senapati iku | sakathahe wong Mataram | pinundhutan padha atuku sêlasih | tinumpuk lawang kulwan ||

43. Senapati Ngalaga siniwi | kacita ana desa Mayang |[8] tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocaping wuri | Pangeran ing Banawa | sigra dènnya matur | hèh rama putra paduka | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | sêlasih sami tumbas ||

44. apikulan

--- 423 ---

agotongan sami | amêmondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilen | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | sangêt gumatinira | darbe rama mring sun | pratandhane sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn ulun mèh palastra ||

45. tan antara sultan angêmasi | para putra nungkuli sadaya | tanapi para garwane | miwah mantri tumênggung | pêcattôndha lan angabèi | rôngga lan pandalêgan |[9] kandhuruhanipun | wadu aji para dêmang | lawan malih rabine padha anangis | gurnita lwir ampuhan ||

46. Adipati Banawa sigra ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ingsun ajaluk rêmbuge | ulun kinèn apatut | wêwêkasing swarga sang aji | Senapati Ngalaga | putra kang asêpuh | kang rama apan wis tilar | prayogane sena sun aturi |[10] pinajar sultan seda ||

47. sajan gêlêm tan gêlêma mangkin | apan iku sanak ingsun tuwa | pan rama ji gêgêntine | dununge sêmbah ingsun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira glis mangkat | ing Mataram rawuh | tumama maring kadhatyan | wus kapangguh anêmbah ing Senapati | duta atur uninga ||

48. Senapati ulun atur paksi | Sultan Pajang apan sampun lina | ulun punika kinèkèn |[11] dening

--- 424 ---

rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêngandika ngaturan | mring Pajang puniku | inganti aniramana | ing layone rama ji Sultan anênggih | maksih agilang-gilang ||

49. Senapati sigra dènnya nitih | kudanira anandêr anyongklang | nulya rawuh Pajang age | tumama ing kadhatun | Senapati nangis ing ati | anuli sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala agêsang | ing baktine Senapati ing Matawis | dhatêng Sultan ing Pajang ||

50. adan nulya siniraman sami | wus kinèn nêmbahyangakên pisan | sampunnya binakta age | pinêtêk sirèng butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | nulya sami mantuk | wus rawuh nagara Pajang | sampun pêpêk sagunging pandhita aji | muwah putra sadaya ||

51. Susunan Kudus sigra dènnya ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa prayogane | ingkang gumanti ratu | kang jmênêng Pajang nagari |[12] mantri Pajang sadaya | ri saksana matur | yèn sawawi layan tuwan | Adipati Banawa yogya gêntèni | putra jalu sajuga ||

52. Susuhunan ing Kudus nulya ngling | tan sêmbada lawan karsaningwang | Adipati Banawane | yèn jumênênga ratu | Adipati ing Dêmak malih | apan iku kang tuwa | jumênênga [ju...]

--- 425 ---

[...mênênga] ratu | iya èstri ingkang putra | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | Adipati ing Dêmak ||

53. ya dyan mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | kang ro trêrah kusumane | Dipati Bênawèku | sampun winarisan nagari | iya nagari Pajang | wasiyat kang lampus | yogya miyanga ing Jipang | awismaa mapan jumnênga aji |[13] ing Jipang asebaa ||

54. Senapati mangkya turun angling | gya sinaru Kyai Juru mojar | Senapati payo mulèh | Senapatinya mundur | Kyai Juru amêmarahi | Senapati Ngalaga | aja turun wuwus | karêpe wong asêsanak | silih ukih padudon rêbat nagari | dadi apêpêrangan ||

55. lêhêng sira mêmulea dikir | lan sidhêkaha angalap sawab | ing lêluhur para kabèh | ing Mataram pan agung | atanapi bêras lan pari | banthèng kidang manjangan | ing Mataram agung | amanggunga akasukan | ing Mataram wismanira pan abacik |[14] aja narka ing Pajang ||

56. Senapati ing Ngalaga mulih | ing Mataram lami tan kawarna | ing Pajang kocapa malèh | Dipati Dêmak mantu | anggêntosi jumênêng aji | Dipati ing Banawa | wisma Jipang tulus | pandumira mantri Pajang | pinra tiga rong duman pinundhut mangkin | maksih ingkang saduman ||

--- 426 ---

57. kang rong duman pinaringkên sami | mring mantri Dêmak wadyanya lawas | sami jinunjung linggihe | ana jênêng tumênggung | pêcattôndha lawan ngabèi | pandalêgan lan rôngga | kandhuruhan iku | tôndha mantri lawan dêmang | mantri Dêmak sadaya jinunjung linggih | awisma anèng Pajang ||

58. mantri Pajang akèh rusak ati | dèn longi ing gêgadhuhanira | padha ala pangucape | anaa mungsuh rawuh | dèn rasakna ing Pajang iki | katuwone wak ingwang | tininggal ing ratu | kaliwat dening alara | kwèh durjana ing Pajang bêngi kwèh maling | yèn rina wong bêbegal ||

59. Mantri Pajang kabèh padha miring | manahira pan rusak sadaya | maring ratune kang mangke | apan têlênging kayun | Senapati Ngalaga ugi | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | utusan maring Mataram | lampahnya ge asêsandêran wus prapti | nagara ing Mataram ||

60. duta mangsah tumama ing puri | kapangguh Senapati Ngalaga | duta marêk nêmbah age | palungguhe abukuh | sigra matur mring Senapati | ulun mapan kang duta | pangalasan sèwu | atur uninga paduka | rayi tuwan Dipati Dêmak ing mangkin | anitihi byantara ||

61. mantri Pajang padha yun ambalik | datan eca gènipun ngawula |

--- 427 ---

dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | mantri Pajang sadaya sami | kang rong duman dalêman | saduman kang kantun | marmine giwang kang manah | Pajang rusak yèn dalu garigis maling | rintên arêbat sawah ||

62. lan manawi pukulun puniki | darbe karsa angrabasèng Pajang | mapan dawêg mupung mangke | ing paos arubiru | datan wontên têlênging ati | wadya Pajang sadaya | pan nanging pukulun | samôngsa tuwan mijila | jawi kitha mantri ing Pajang ambalik | umiring ing paduka ||

63. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak ||

64. lamun ingsun kinon ing Hyang Widdhi | apan gampang lawan karsaning hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumnêng aji |[15] ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma ||

65. wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Bênawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung nêpsu tan gingsir |

--- 428 ---

lumampah kasutapan | lali pangan turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar ||

66. prapta dènira samadi êning | anaritis ugyanira[16] nendra | datan kauban wangone | wayah ing têngah dalu | ana swara kapirsa nênggih | datan ana rumêksa | wêgilên puniku | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan ||

67. sarêng ilang swara nulya tangi | Adipati Bênawa gya mojar | duta sira pan sun kèngkèn | wêgilên saranèku | Senapati anèng Matawis | aturana dènira | duta gya tumanduk | anulya praptèng Mataram | dyan tumama ing ngabyantara kapanggih | Senapati Ngalaga ||

68. duta Jipang nêmbah matur aris | gusti lampahing ulun punika | adhapur ulun kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêng paduka ngaturan | ing Pajang anêngguh | tuwanku sutaning sultan | alinggiha ing pajang jumnêng aji |[17] punika ingkang karsa ||

69. Kyai Senapati sigra angling | hèh sang duta lah sira matura | maring ariningsun age | apan ingsun tan wêruh | sakarsane rêbat nagari | kalawan kakangira | mapan wangênipun | ulun iki winarisan |

--- 429 ---

ing Mataram de rama sultan ing nguni | ingsun têtêpi uga ||

70. risang duta sigra nêmbah amit | sêsandêran mulih maring Jipang | wus rawuh ing kadhatone | cundhuk lan gustinipun | duta matur wêkase uni | Senapati punika | mapan wis tinatur | Pangeran Banawa mojar | hèh sang duta balia sirèng Matawis | ing Pajang ngaturêna ||

71. duta mêsat lampahe lêstari | ya ta wangsul dhatêng ing Mataram | tumama ing kadhatone | Senapati kapangguh | risang duta manêmbah angling | gusti amba punika | pan kinèn awangsul | dening ta rayi paduka | apan tuwan amêksa dipun aturi | dening ta rayi tuwan ||

72. Adipati Banawa anênggih | ingkang karsa ing Pajang punika | datan suka ing manahe | kang raka madêg ratu | pan kang wêli[18] Sultan ing nguni | Adipati ing Dêmak | umadêga ratu | lamun andika tan arsa | jênêngakên rayi ta madêg nêrpati | lêhêng rêke pêjaha ||

73. lêhêng tuwan gumantia aji | adarbea nagari ing Pajang | sineba ing wadya kabèh | suka rayi pukulun | lamun tuwan jumênêng aji | pantês putra kang tuwa | jumênênga ratu | rayi paduka andonga | lamun ipe Dipati Dêmak kang dadi | lêhêng tumêkèng pêjah ||

74. Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta mêngkono kang karsa | yayi

--- 430 ---

Mas Bênawa mangke | têmu pèk karsaningsun | nagarane ing Pajang iki | duta sira matura | marang ariningsun | Adipati ing Banawa | ngong aturi pinarêka ing Matawis | Gunung Kidul miyosa ||

75. risang duta sigra nêmbah amit | lampahira kudane angêrap | dyan prapta Jipang lakune | tumama ing kadhatun | adipati nulya kapanggih | duta matur anêmbah | pangeran tuwanku | ingkang karsa rakandika | jêngandika pinarêka ing Matawis | saha wadya ywa brôngta ||

40. Asmarandana

1. Pangeran Banawa aglis | enjing saksana umangkat | saha bala ngiring kabèh | rêmbêning baris lampahnya | Ardi Kidul marganya | datan kawarna ing ênu | desa ing Wêru wus prapta ||

2. kawarnaa Senapati | wus amêpêk wadyabala | gya umangkat sabarise | amapag ing arinira | nama Pangran Banawa | ya ta praptèng desa Wêru | wus sami apamondhokan ||

3. Senapati wus apanggih | myang ari Pangran Banawa | sarêng panggih sapatêmon | sami kangên rêrangkulan | ri sampuning mangkana | ya ta kasaput ing dalu | nulya sami masanggrahan ||

4. samya gunêm glaring jurit | nagri Pajang kang kocapa | wus kasub ing pawartane | lamun Dipati Banawa | akanthi Senapatya | arêmbag anunggil kayun | arsa [ar...]

--- 431 ---

[...sa] rumabasèng Pajang ||

5. mantri Pajang tyas umiris | wanèh kathah suka manah | kang sami sakit galihe | mangkana pangucaping tyas | ing mêngko malês ingwang | mring wong Dêmak akuhipun |[19] bênêr Pangran Banawa ||[20]

6. pan iku kakang duwe waris |[21] jumênênga Sultan Pajang | yèn mêngko uwis mêngkene | pangran kanthi Senapatya | pasthi abot sinôngga | dening sêkti ing prang pupuh | ing jagat pilih tandhingnya ||

7. pasthi nagra Pajang iki | kaya nora wurung rusak | ya ta mantri Pajang kabèh | samana sami arêmbag | ambalik karsanira | mring Pangran Banawa iku | apan gustinira lawas ||

8. anulya lumampah sami | sakèh mantri Pajang lama | tan kantun sagêgamane | mêthuk Pangeran Bênawa | mring desa Wêru ika | tan kawarna lampahipun | gya prapta ing Wêru sira ||

9. apan ta sampun apanggih | sakathahe mantri Pajang | lan Kya Senapati age | miwah Pangeran Banawa | sadaya angabêktya | angganti ngujungi wau | sakathahe mantri Pajang ||

10. ri sampunira ngabêkti | sakathahe mantri Pajang | umunggwing ing ngarsa andhèr | saha palungguh pangrêpa | gya sami matur sira | mring Senapati Matarum | miwah mring Pangran Banawa ||

11. adhuh anggèr gusti mami | kang para mantri punika | yèn ingajanana anggèr | apan ta purun sadaya | angrabasèng ing Pajang | dene tan wontên makewuh | mantri Pajang pan wus têlas [tê...]

--- 432 ---

[...las] ||

12. inggih mantri ingkang lami | têlas mariki sadaya | mung kantun wong Dêmak dhewe | lan wong Kudus barisan |[22] sayêktosing punika | apan ta kawula purun | nyêkêla Dipati Dêmak ||

13. myang kinèn angalap pati- | nira Dipati Dêmak |[23] kawula sandika anggèr | datan mawi taha ring tyas | saking sakiting manah | ngawula lyan gustinipun | miwah ulun anggêmpura ||

14. ing kitha Pajang pan wani | Senapati ing Ngalaga | kalangkung suka manahe | dening wau amiyarsa | sanggupe mantri Pajang | sami dinadar pan sampun | mantri ing Pajang sadaya ||

15. enjing bubar Senapati | saha gêgaman sumahap | têmpuh gêgaman Jipange | lawan gêgaman Mataram | wêwah wong Pajang ika | kang bala koswa anggêrgut | sigra Senapati mojar ||

16. ariningsun Ki Dipati | Banawa kita kumpula | lan wadyanira Pajange | lamun têmpuh ing ayuda | lawang sayatra wetan | yayi cêgatana iku | manawa wong Pajang mêdal ||

17. padha kumpulêna yayi | dening ing laku manira | amunga wadyèngsun dhewe | wong Mataram kumpul ingwang | kang sun têmpuh ing yuda | lawang kulon kang sun têmpuh | ri sampunira arêmbag ||

18. saksana bubar kang baris | apan ta awarna-warna | asri lwir taman sêkare | abra

--- 433 ---

dwaja lungsir jênar | myang gulakalapa |[24] asrang karbêting lêlayu | gêbyaring sanjata lanang ||

19. surêm Hyang Pratônggapati | kasênênaning busana | myang ujwalèng gêgamane | ing Pajang sampun kinêpang | tintrim wong sajro kitha | myang wong ing Pajang sadarum | sampun sami balik ika ||

20. amung wong Dêmak kang kari | kalawan wong Kudusira | maranti luhur kithane | amalatar barisira | sanjata wus ngisenan | Senapati agya rawuh | lawan sawadya ing Mataram ||[25]

21. lawang kilèn dèn wêdali | ya ta wong Dêmak umulat | ing wong Mataram praptane | wus katur Dipati Dêmak | lamun Ki Senapatya | dhatênge sabalanipun | lawang kilèn dènnya mêdal ||

22. Dipati Dêmak sigra ngling | sakèhe têtukon ingwang | wong Bugis lan Mêkasare | wong Bali dèn padha yitna | lah papagên dèn agya | Senapati pêrangipun | lan sakwèhing mas salaka ||

23. iku ta karyanên mimis | wruhanira Senapatya | apan ta liwat têguhe | lawan prawira ngayuda | lah poma wêkas ingwang | yèn sira mundur prang pupuh | padha sun patèni sira ||

24. pan sira têtukon mami | sigra wong Bugis Makasar | myang wong Bali minggah kabèh | mring palatar luhur kitha | gêgamane malatar | towok sligi agêmipun | wanèh angagêm [anga...]

--- 434 ---

[...gêm] sanjata ||

25. agya wong Mataram prapti | binarondong bêdhil sira | sangking ing luhur kitha ge | mimis tibane lwir udan | surak ambal-ambalan | apan kadi langit rubuh | pêtêng kukusing sundawa ||

26. arame têmpuhing jurit | Senapati ing Ngalaga | sigra anitih kudane | awasta pun Bratayuda | ulês purnamasada | saha pracalitèng luhur | pracihna êjim kang prapta ||

27. lawan udan riwis-riwis | surak ing tawang gumrêrah | êjim lan parayangane | kadya ngrubuhênèng wiyat | rikang jim parayangan | sadaya pan sami tumut | ambêdhah nagari Pajang ||

28. Senapati tumulya glis | angukih amrêka lawang | binrondong inggih bêdhil akwèh | lwir udan mimis tibanya | datan ana tumama | têguh têkan kudanipun | Senapati ing Ngalaga ||

29. mimis kancana nibani | tibèng jaja lwir parada | miwah mimis salakane | samya gèpèng tibèng jaja | apan kadi rinêngga | sangking kwèh mimis tinêmpuh | tan kandhêg pangamukira ||

30. kudanira Senapati | kang ulês purnamasada | saking kwèh tiba mimise | kadi dhawuk katingalan | nanging Kya Senapatya | tan taha pangamukipun | sakèhe wong têtêbusan ||

31. kang wong Makasar lan Bugis | sami bendrong

--- 435 ---

ing sanjata | myang busur lan saligine | lwir garimis tibanira | Senapati gya mojar | alah iya sira iku | pan kabèh wong têtêbusan ||

32. lah aywa kapati-pati | milu-milu apa sira | balik malayua age | besuk padha mardikaa | awakira priyôngga | ya ta ing sakathahipun | wong têtêbusan miyarsa ||

33. sigra lumayu padha jrih | sakèhe wong têtêbusan | mangkana ta pangamuke | wus prapta jawining lawang | sakhèthèng kilen ika | Senapati jaluk pintu | hèh wong kang atunggu lawang ||

34. wênganana ingsun kori | kang tunggu lawang tan suka | ya ta wontên samitrane | Senapati ing Mataram | pan tunggil guru ika | Kyai Gêdhong wastanipun | apan milu tunggu lawang ||

35. mirsa yèn Ki Senapati | kang prapta anjaluk lawang | sagra[26] sakèhe bature | tugu[27] lawang ingamukan | akathah ingkang pêjah | kang urip têlas lumayu | Ki Gêdhong kantun priyôngga ||

36. sigra dènnya suka kori | Ki Gêdhong ring Senapatya | sarêng wus mênga korine | Senapati sira agya | lumêbêt jroning lawang | ya ta anuli kapangguh | Ki Gêdhong sigra tur sêmbah ||

37. dhumatêng Ki Senapati | kawula amit palêstra | ing lampah kawula anggèr | rumiyin arsa ngamuka | dhatêng têtiyang Dêmak |

--- 436 ---

kang baris ing alun-alun | ing wau Ki Senapatya ||

38. agêng pangraosing galih | kalangkung kapiutangan | mring Ki Gêdhong sêmitrane | mangkana ing lampahira | Ki Gêdhong anèng ngarsa | sigra manêmpuh angamuk | Ki Gêdhong pan tinadhahan ||

39. kinathahan ing ajurit | Ki Gêdhong sampun palastra | pan Ki Gêdhong salamine | datan pasah dening braja | wus karsaning Hyang Suksma | dhumatêng ing takdiripun | têmbe manggih guladrawa ||

41. Dhandhanggula

1. Senapati lumampah ing wuri | sigra mulat yèn Ki Gêdhong pêjah | Ki Senapati wuwuse | Ki Gêdhong mitraningsun | durung wêruh rasaning mukti | sêkul lan banyuningwang | apuwara lampus | ing benjang sapungkur ingwang | apanggiha ing satêrah-têrahnèki | Ki Gêdhong lawan ingwang ||

2. tinutugêna sarêng amukti | iya lawan anak putuningwang | aja salaya rusake | lan anak putuningsun | wadyèng ulun Mataram sami | sasabana lêlincak | layone puniku | Ki Gêdhong samitraningwang | aja kèndêl dening wong lumampah jurit | yèn mulih binêrsihan ||

3. sigra mangsah Senapati jurit | prapta mêdya alun-alun Pajang | manggunga nitih kudane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning |

--- 437 ---

anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | Senapati ing Ngalaga | sampun pana kêkêpuhe dèn sungkêmi | lali purwa dêksina ||

4. wadya Dêmak kabèh ingkang baris | anèng alun-alunirèng Pajang | padha takut bubar kabèh | asru dènnya lumayu | akèh mati arêbut dhingin | kênèng sanjatanira | padha baturipun | tan ana nolih ing wuntat | apuyêngan anêrka yèn têkèng pati | mila bubar sadaya ||

5. Kyai Juru anitihi wajik | cêcoklangan wong Dêmak kapapag | Kyai Juru mojar age | wong apa sira iku | têka gègèr malayu sami | wong Dêmak padha mojar | Senapati ngamuk | anèng alun-alun Pajang | mila gègèr lumayu kapati-pati | sami nrêka yèn pêjah ||

6. Kyai Juru Amartani angling | hèh wong Dêmak madayèng ing ujar | Senapati pangamuke | apan ta pangrasamu | Kyai Juru lampahira glis | anusul ingkang putra | prapta ngalun-alun | Senapati ing Ngalaga | katingalan kêkêpuhe dèn sungkêmi | Senapati ginugah ||

7. Kyai Juru Amartani angling | Senapati ing Ngalaga sira | awungua dipun age | katungkul sira ngantuk | baya lali yèn sira jurit | Senapati Ngalaga | kagyat [kagya...]

--- 438 ---

[...t] sira wungu | nulya matur ing kang paman | ana ngêndi wong Dêmak ingkang abaris | ngalun-alun ing Pajang ||

8. Kyai Juru Amartani angling | sakathahe wadyabala Dêmak | gègèr angsru palayune | payo padha malêbu | ing byantara mêdyaning puri- | nira Dipati Dêmak | apan wis atakut | angungsi anèng jroning pura |[28] datan narka yèn miyosana ajurit | amapaga ing sira ||

9. Senapati têdhak saking wajik | asta têngên ngagêm pangawinan | kiwa nyêkêl kandhangsule | kandhêg ing lêmah dhuhur | Kyai Juru Martani angling | aja para tumêdhak | maksiha amanggung | ambanjura mring jro pura | aja walang driya ana ing jro puri | Pajang pan darbenira ||

10. Senapati ing Ngalaga angling | karan manira mudhun sing kuda | ing dangu palinggihane | Sultan Pajang tuwanku | nora arus wong wani gusti | kapindho wong atuwa | kaping tiga guru | ping pat yêktènana uga | Sultan Pajang tan beda duk lagi urip | ing pamundhi manira ||

11. nulya dhatêng Kyai Senapati | wijil pisan jumênêng ing lawang | para garwa mapag kabèh | Sultan Pajang kang sunu | adipati Dêmak kang èstri | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | senapati tinangisan [tinang...]

--- 439 ---

[...isan] | pan rinangkul padane Ki Senapati | matur sarwi karuna ||

12. ari ta sampun tuwan pêjahi | Adipati ing Dêmak punika | Senapati dan ujare | datan narka ing ulun | mêjahana ari Dipati | ing Dêmak pan tan nêdya | ngong prih idhêpipun | dening jumênêng ing Pajang | nora tari ing bêcike maring kami | aja ta salah tômpa ||

13. lakinira gawanên mariki | lawan malih hèh sêsawêrana | pratôndha kalah yudane | Senapati pan mundur | wus pinarêg anèng sitinggil | Adipati ing Dêmak | samana wus mêtu | binônda ing cindhe kêmbang | para garwa wau ingkang anggèmèli | prapta ing sitibêntar ||

14. apan ta jajar wau alinggih | Dipati Dêmak lawan kang garwa | Senapati lon dêlinge | Dipati Dêmak iku | dudu sira kang duwe waris | jumênêng ratu Pajang | pantês putra jalu | ari Dipati Banawa | jumênênga anèng ing Pajang nagari | gêntosana kang rama ||

15. hèh Dipati ing Dêmak sirèki | warisira nagara ing Dêmak | lah mintara dipun age | wong Mataram sirèku | mikulana sangune iki | hèh wong Singanêgara | lan wong Martalulut | adhêpên Dipati Dêmak | nora pantês wong wadon nyêkêl têtali [tê...]

--- 440 ---

[...tali] | lah sira gêntènana ||

16. Adipati Banawa puniki | sukan-sukan anèng pagêlaran | lan sabala santanane | anabuh gala ganjur | pan arame ambêksa rangin | ana kang bêksa watang | rame padha wuru | amrang lêngên para tangtang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya ||

17. Senapati ing Ngalaga mijil | kang pinandhi kêkapaning kuda | pun Gathayu kêkasihe | kandhali macan guguh | pan punika sarêng pinandhi | gong pun Sêkar Dalima | bêbarkatanipun | kang ingagêm Sultan Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | binaktèng pagêlaran ||

18. Senapati sineba ing mantri | pagêlaran lun-alun ing Pajang | padha mangrêpa lungguhe | lêlamakipun babut | isi sêkaring nagasari | ujwalanirèng muka | lwir wulan awêlu | sêdhênge asasadara | samya takut sakathahe para mantri | padha tungkul mangrêpa ||

19. Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | kita jumnênga mangke |[29] Sultan Pajang puniku | sinebaa sakwèhing mantri | apan tuwan prayoga | dening putra sêpuh | kawula lila warana | têkèng lina tan adarbe atur kalih | lah

--- 441 ---

tuwan jumênênga ||

20. Senapati ing Ngalaga angling | yayi Adipati ing Banawa | atarima pracayane | pan dudu garis ingsun | yèn manira madêga aji | anèng nagari Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi Mataram | tanah Jawa angalahakên ing jurit | padha ratu amônca ||

21. punang mônca nêgih nuswa bumi | ratu mônca tan ana suwala | padha apranata kabèh | Jawa apan kinêlun | gih puniku Sultan Matawis | puniku putuningwang | iku pan kapangguh | jumnêng nata pandhita |[30] kèdhêp dening para ratu tanah Jawi | Madura lan Palembang ||

22. ingsun iki winaris ramaji | ing Mataram abêbakal ika | sun lampahi kangelane | Dipati Bênawèku | alah uwis dadia aji | malêbua jro pura | mangkua kadhatun | matur Pangeran Banawa | kakang aji kawula darma nglampahi | sakèhe pakon tuwan ||

23. sakathahe sèn-isèning puri | kaatura dhumatêng paduka | sakarsa andika angrèh | Senapati amuwus | gih tarima manira yayi | pracaya pakanira | kang dhatêng maring sun | sakèhe barana Pajang | lan karyanên yayi adandan nagari | sampun sugih pun kakang ||

24. lan karyanên nênututi mantri | dananana rêtna lawan bojo | myang atèring

--- 442 ---

bêbudène | lah iku karsaningsun | wong ngawula dhatêng nrêpati | yayi sira bêbakal | jnêng para ratu |[31] kirange sanjatanira | tumbasêna lawan karyaa pribadi | sadandanan wong aprang ||

25. salwir bawane kang sinung wadi | kinarya mong jagat jaga-jaga | arjaning ratu èsthine | gulang-gulangên iku | dipun yitna ulah nagari | duwea wong têtiga | rumuhun wong iku | pandhita ing wong atapa | lawan malih wong petangan uladuni | palakiyah lan ramal ||

26. yèn sira yun wêruha ing wèsthi | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | wadyanira sang wiku | lamon ayun uningèng wadi | takona wong petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayun ing pangawasa | kang kajaba sangking wirayating tulis | takona wong atapa ||

27. Pangeran Banawa matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | sakèhe bêbarkatane | rama aji pukulun | pan sumôngga ulun puniki | tuwan bêktèng Mataram | pantês anak sêpuh | kang anduma wêwarisan | jêngandika ulun tan amisesani | sakèhe bêbarkatan ||

28. Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Banawa | lah abênêr

--- 443 ---

sasmitane | bêbarkatan sun pundhut | ulun gawa maring Matawis | cihna gêdhe kang purna | rama ji lan ingsun | têmên-têmên kênèng kêdhap | sarasaning sarkara rupa lan manis | tan kêna pasahna ||[32]

29. lah karia yayi ingsun amit | ingsun mulih maring ing Mataram | sun èstokkên sawêlinge | salamêt sira kantun | Adipati Banawa nangis | nèng ngarsane kang raka | padane sinuhun | sêsambate amlasarsa | yèn tinilar bapa babu ingkang lalis | datan narka panggiha ||

30. enjang mangkat Senapati mulih | kêbating lampah lwir angin topan | praptèng Mataram lampahe | wus lumêbêt kadhatun | Senapati jumênêng aji | wong Mataram kang seba | miwah ingkang sunu | lirna mantri pamajêgan | wong kajoran pêpêk anèng ing Matawis | Sultan Pajang wus sirna ||

31. awatawis lagya pitung bêngi | Senapati rawuh ing Mataram | miwah sakula wangsane | anuntên enjingipun | Senapati miyos tinangkil | pêpêk kang para putra | ngandikan mring ngayun | sakèhe para santana | ingandikan pan sami jinunjung linggih | apan sinama-sama ||

32. lawan sami sinungan kêkasih | dening Senapati ing Ngalaga | wontêndene

--- 444 ---

Radèn Tompe | ya Pangeran Tumênggung | Gagak Bani ingkang kêkasih | Radèn Santri winastan | ing kêkasihipun | ya Pangeran Singasêkar | Radèn Jambu Pangeran Amangkubumi | sampun sami wibawa ||

33. ri sampuning mangkana winarni | wontên prajurit ing Bantên prapta | kesahe sing nagarane | dening nagri Matarum | senapati kaloka sêkti | digdaya myang arosa | pilih tandhingipun | ing tanah Jawa tan ana | prajurit Bantên prapta sêdya ngayoni | mring Kyagêng Senapatya ||

34. praptanira pan lagya sawêngi | nèng Mataram dèrèng kauningan | prajurit Bantên praptane | mring Senapati iku | enjing Radèn Rôngga manggihi | mring prajurit kang prapta | tumulya amuwus | hèh wong Bantên praptanira | arsa apa apa arsa angayoni | mring rama Senapatya ||

35. aywa kita ngayoni rama ji | ulun dhingin kita ayonana | rama ji gampang kalahe | yèn wus kasoran ulun | alah mara jaringong iki | iya kita cêkêla | putungêna iku | jarijinya Radèn Rôngga | gya cinêkêl mring wong Bantên kang prajurit | pinêtêg datan mêndat ||

36. tita panyêkêle tan ngaèsi | wong Bantên kipatakên agya |[33] prajurit têbih plêsate |

--- 445 ---

gya tangi marêk sampun | jari kinèn nyêkêl aganti | dhatêng ing Radèn Rôngga | anulya sinambut | cinêkêl jarijinira | mring rahadyan wong Bantên tan kêna mosik | malah malocot ika ||

37. palintiran mêksa tan kênasik | Radèn Rôngga asmu bramêtyèng tyas | gya tinabok prajurite | sapisan agya lampus | kang prajurit wadyanya gusis | malayu asasaran | palayunya mantuk | dhatêng ing Bantên punika | Radèn Rôngga katur rama Senapati | anulya ingandikan ||

38. praptèng ngarsa Senapati angling | hèh Ki Rôngga kita sutaningwang | kita lêwih ing surane | lawan rosa atêguh | wadyèng ulun Mataram iki | tan ana kadya kita | ing kasuranipun | amung kita ingkang sura | amatèni ing wong Bantên lagi prapti | durung uninga ringwang ||

39. dening kita lêwih kumawani | yèn kita Rôngga tuhu arosa | lah kita putunga kiye | jêmpole sukuningsun | Radèn Rôngga uningèng wadi | wruh yèn ramanya duka | ing tyas bêndunipun | watêkera[34] Radèn Rôngga | datan kêna cinampah-campah ing janmi | nadyan si ramanira ||

40. dadya supe tan uningèng runtik | Radèn Rôngga saksana anyandhak | jêmpoling [jêmpo...]

--- 446 ---

[...ling] rama sukune | karsanira amutung | Senapati angraos sakit | kinipatakên sigra | kontal ingkang sunu | rahadèn ajrih wangsula | dukèng rama lumajêng tan miyos kori | manêmpuh banon kitha ||

41. tanpa ngapa banon tinêmpuh ing | Radèn Rôngga ing pangraosira | lwir tumamèng sawang bae | ika ta purwanipun | banon kitha bolong sajanmi | ya ta Rahadèn Rôngga | lajêng jrih ing bêndu | ngalor ngetan lampahira | pan asêdya apurik dhatêng ing Pathi | tan kandhêg lampahira ||

42. tarkanira Senapati têbih | kesahira suta Radèn Rôngga | Senapati sigra linge | mring wadya kang ingutus | wadya gandhèk kinèn nututi | mring Radèn Rôngga ika | sanggène kapêthuk | sutèng ulun Radèn Rôngga | wangsulêna kang kinon mêsat sira glis | lampahe gêgancangan ||

43. katututan dhusun Sokawati | risang duta umalang ing ngarsa | saha mangrêpa ature | dhuh rahadèn tuwanku | ulun kinon ramanira ji | kita kinèn wangsula | rama kita ngungun | ulun takut yèn mantuka | lamun tuwan tan purun wangsulèng ngriki | ulun pan pinêjahan ||

44. Radèn Rôngga sigra dènira ngling | hèh

--- 447 ---

sang duta ulun datan arsa | yèn kinon wangsul ing kene | benjing ulun umantuk | yèn wus têka ing karsa mami | lah kita awangsula | aywa kita asru | amêmalangi lumampah | risang duta amêksa angrangkul sikil | pinipit suku pêjah ||

45. duta kantun satunggil gya mulih | lampahira prapta ing Mataram | tumama ngabyantarane | Senapati kapangguh | risang duta mangrêpa linggih | manêmbah ri suku sang | mangusapi lêbu | Senapati sigra mojar | hèh sang duta sutèng ulun apa mulih | Si Rôngga ingkang mentar ||

46. risang duta matur awotsari | hèh tuwanku Senapati ingwang | sampun lumampah kinèngkèn | nusul ing sutèng prabu | Radèn Rôngga inggih kapanggih | Sokawati kacandhak | ulun akèn wangsul | Radèn Rôngga datan arsa | yèn wangsula ing benjing ubaya mulih | yèn wis tumêkèng karsa ||

47. ulun sangêt angaturi mulih | malah duta kang satunggil pêjah | pinipit suku patine | sangking angrangkul suku | Radèn Rôngga lajêng lumaris | puruge ngalor ngetan | tarkèng ing tyas ulun | dhatêng Pathi Radèn Rôngga | Senapati kampita ing tyas akingkin | dadya sukur ing Suksma ||

48. Radèn Rôngga lampahira prapti | ing Pathi nagarane kang paman | wong

--- 448 ---

Pathi wruh kagyat tyase | sigra nuli umatur | wadyèng Pathi mring sang dipati | ulun atur uninga | dhatêng sang pukulun | suta tuwan Radèn Rôngga | ing Mataram punika prapta mariki | arsa marêk ing tuwan ||

49. kagyat tyasira sang adipati | aris mojar maring wadyanira | apa ta baya kinèngkèn | praptane sutèng ulun | maring kakang mas Senapati | ature kang tinanyan | dene tanpa batur | upama yèn ingutusa | suta tuwan sayêkti yèn mawi kanthi | môngsa borong paduka ||

50. Adipati ing Pathi andugi | lamun purik praptane kang putra | lawan asangêt kangêne | sigra dènnya amuwus | Adipati mring wadyanèki | lah timbalana agya | Radèn Rôngga iku | apan dahat kangên ingwang | iya maring Radèn Rôngga suta mami | kang kinon agya mintar ||

51. apan pasohaning Pathi nênggih | wontên sela agêng tan upama | nyêlani palinggihane | ing mantri sohan iku | sakathahe wadya ing Pathi | apan datan kawawa | ngilangêna iku | sangking gênging punang sela | Radèn Rôngga ri sdhêng prapta ningali |[35] mantri sohan tan piyak ||

52. Radèn Rôngga ciptanira wadi | apa baya karsanira paman | ulun tinimbalan age | dening praptaning

--- 449 ---

ulun | wadya datan kinèn sumingkir | iki ngayoni uga | mring kang wong Matarum | yêkti sela kang ing ngarsa | kinèn nêmpuha Rahdèn[36] Rôngga sira glis | manêmpuh rikang sela ||

53. sela agêng sumyur tinêmpuh ing | Radèn Rôngga têmahan gêlêpang | Radèn tan ngraos anggane | wadyèng Pathi andulu | suka angrês ing tyas ningali | sêktine Radèn Rôngga | sukane andulu | dening lamine kang sela | pinrih ilang wadyèng Pathi tan kadugi | mangkana ciptèng wadya ||

54. Radèn Rôngga mangsah masilar ing | ngarsaning paman sang adipatya | saha mangrêpa linggihe | gya manganjali sampun | ri suku sang Dipati Pathi | aris denira mojar | Rôngga sutèng ulun | apa ta kita dinuta | ngramanira kakang êmas Senapati | lan ulun iki uga ||

55. kangên têmên ulun ing sirèki | sukur bagja kita mangke prapta | dahat sukaningsun mangke | Radèn Rôngga gya matur | sayêktose ulun puniki | apan datan dinuta | ing raka pukulun | anut ing karsa priyôngga | adodol ing karsa sampun alami |[37] ing mangke kalampahan ||

56. lagya sipêng saratri nèng Pathi | Radèn Rôngga ya ta amiyarsa | sangking lingirèng wadya kwèh | ana wong tapa gêntur | paguronnya [pa...]

--- 450 ---

[...guronnya] kang wong sa-Pathi | unggyanira atapa | sêsèndhèn ing kayu | wrêksa asêm sinendhenan | wêtahipun atêmah galinggang aking | ri wus dadya galinggang ||

57. apan datansah dipun cuwili | wrêksa galinggang mring kang atapa | cinuwil ing kanakane | sakwèhing sisyanipun | apan dèrèng uningèng wadi- | nira ing gurunira | panyuwiling kayu | dadya sisyanira tanya | hèh Kiyai punapa wadine iki | kang wrêksa cinuwilan ||

58. gurunira sigra anauri | hèh sisyèng ulun lah wruhanira | iki ta besuk ing têmbe | iya manawa besuk | ana dhanganèng kang aurip | dimon iki kinarywa | ngobori wak ingsun | lan malih dimon kinarya | andamari ing tyas ingsun iki benjing | kagyat tyasing atanya ||

59. sarya tanya malih sisyanèki | hèh kiyai lah kadi punapa | têka mangkatêna têmbe | gurunira gya muwus | wis mêngkono ing karsa mami | kaya mêngkono uga | ing panêmuningsun | ya ta wau Radèn Rôngga | mirsa yèn wontên wong tapa dèn purugi | wantunya Radèn Rôngga ||

60. sarêng wong tapa ika kapanggih | tan amawi catur myang pariksa | gya cinandhak sinasuwèk | ôngga wong tapa wau | datan wontên wutuh sanyari | sinasuwèk

--- 451 ---

Dyan Rôngga | samana gya kondur | Radèn Rôngga mring Mataram | kawarnaa wong tapa gya dèn purugi | ing dalu mring sisyanya ||

61. sapraptane guru tan kapanggih | yèn pêjaha ôngga datan ana | mung ana tilasing gêtèh | watêkipun ing dalu | nulya wraksa kang cinacuwil | kinumpulakên ika | mring sisya kang guru | kinarya obor punika | tumulya ge kinarya ngobor-obori | ing ôngga gurunira ||

62. apan kapanggih dipun sêsuwir | angganing guru pating balêsar | Radèn Rôngga pambucale | ya ta sami dèn ruruh | maring sisya ôngga kapanggih | sangking sasuwir ika | watêkipun dalu | ri sampunira ngalêmpak | sasuwiraning ôngga pinêtêk aglis | maring ing sisyanira ||

63. kawarnaa Radèn Rôngga prapti | ing Mataram sigra tinimbalan | ing rama dahat marmane | prapta ngayunan sampun | Radèn Rôngga mangrêpa linggih | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | saha manganjali ngrama | Radèn Rôngga tansah sira dèn arasi | mring rama Senapatya ||

64. ramanira sigra dènnya angling | hèh Ki Rôngga kita sutaningwang | wus awayah kita mangke | amêwahana kawruh | ngindhakêna kadigdayaning | miwah ing kasantikan | kang durung tinêmu | mungguhing janma nonoman | utamane [u...]

--- 452 ---

[...tamane] ingkang adigdaya sêkti | tinaha ing sasama ||

65. Radèn Rôngga ciptanirèng ati | apa ingkang ingong guronana | yèn mênggahing janma bae | tan ana kadya ulun | Senapati uningèng wadi | hèh Rôngga lamon kita | lumaksanèng tuduh | ayya kita mring janma lyan | gêgurua ing eyangira pribadi | ing paman Juru ika ||

66. iku ungsêdên lah dèn angênting | têdhanên apa sangèlmuneka | Radèn Rôngga mêsat age | mintar mring eyangipun | Kyai Juru ika kapanggih | apan lagya asalat | Radèn Rôngga rawuh | alênggah jawining lawang | masjid alit jêjogan têdhak sing masjid | kasongan ing pananggap ||

67. bêbaturing pananggap dèn sungi | sela kumalasa saha rata | jêjogan têdhak salate | ika unggyannya lungguh | Radèn Rôngga dènnya anganti | bakda salat kang eyang | dènnya salat luhur | tan adangu asung salam | dènnya salat Kyai Juru aningali | yèn ingkang wayah prapta ||

68. linggih mangrêpa sandhaping kori | wau sela ingkang kumalasa | dinulêkan jarijine | lwir dulêk siti êmpuk | ting caromplong tilas jariji | Ki Juru kagyat ing tyas | dènira andulu | angling hèh iku Ki Rôngga | apa ora atos watu [wa...]

--- 453 ---

[...tu] kodulêki | nulyatos ingkang sela ||

69. dinulêk malih tan kêna mosik | punang sela dahat atosira | Radèn Rôngga nyiptèng tyase | iya lêrês kang tuduh | rama ulun Sang Senapati | ulun kinon gurua | mring eyang Kya Juru | samitra tuwa tan wênang | ingungkulan wajib ginuron ing ngèlmi | miwah ing kadigdayan ||

70. Radèn Rôngga sangêt ing pangudi | mring kang eyang nêdha wurukira | gya winurukakên kabèh | sangèlminya Ki Juru | Radèn Rôngga sampun atampi | sasasmitaning eyang | samana wus mantuk | Radèn Rôngga tan winarna | laminira apan ta wontên awarti | patalan wontên ula ||

71. malah sawêr amêjahi margi | gêdhenira sawêr tan upama | yèn ula ing dharatan bae |[38] samana sampun katur | dhatêng Radèn Rôngga kang warti | watêking Radèn Rôngga | yèn miyarsa tutur | kang anglangku rosan |[39] tan sarônta anulya ge dèn purugi | sawêr anèng patalan ||

72. tan adangu Radèn Rôngga prapti | ing patalan kapanggih kang ula | atêmpuh padha surane | sarêng ula andulu | dhatêng radyan anandêr wani | Radèn Rôngga apanggah | dahat suranipun | ingaranan sawrê[40] naga | sarêng nêmpuh amulêt ôngga ngêbêki | Radèn Rôngga apanggah ||

73. rahadèn datan angalawani | punang sawêr nêlasakên [nêla...]

--- 454 ---

[...sakên] karosan |[41] Radèn Rôngga sêsumbare | lah têlasêna iku | hèh sang ula rosanirèki | mupung sira gêsang |[42] ulun pan atangguh | wus têlas rosaning ula | Radèn Rôngga tumulya sigra malêsi | sawêr binêthot pêjah ||

74. ri sampuning pêjah sawrê aglis | Radèn Rôngga nulya kondur sira | sapraptane ing dalême | ya ta datan winuwus | lami-lami radèn asakit | yuswa patbêlas warsa | turas gêrahipun | Radèn Rôngga lajêng seda | kawarnaa kang wibawa ing Matawis | Ki Agêng Senapatya ||

75. tulus dènira umadêg aji | nèng Mataram Senapati ika | miyos saking kadhatone | sineba ing wadya gung | masilar ing kathilèng manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | kang sohan munggwing ing ngarsa | pra santana kang sampun jinunjung linggih | miwah kang para putra ||

76. karsaning Sang Senapati mijil | apan kang para putra sadaya | sami jinunjung linggihe | ingkang putra pambayun | Pangran Rôngga apan wus lalis | kantun Kangjêng Pangeran | Pugêr kang panggulu | nuntên Pangeran Purbaya | nuntên ingkang rayi wau akêkasih | Pangeran ing Jaraga ||

77. nuntên kang rayi sinung kêkasih | kang jumênêng Pangeran Juminah |

--- 455 ---

nuntên wau arine |[43] kang badhe madêg ratu | Panêmbahan Karapyak nênggih | anuntên arinira | ing kêkasihipun | ya Pangeran Pringgalaya | wontên dene kang rayi èstri kêkalih | sampun sami akrama ||

78. jênêng Radèn Dêmang Tanpanangkil | nuntên arine kalih punika | Têpasana kêkasihe | têlas jinunjung lungguh | ingkang paman sinung kêkasih | Dipati Môndaraka | mangkana winuwus | Adipati ing Banawa | kang jumênêng Susunan Pajang anênggih | sataun laminira ||

79. nyandhak asangêt ingkang kêkêling | datan kenging wau ingusadan | kalangkung sangêt gêrahe | para niyaka rêmbug | atur uning ing Senapati | yèn ingkang rayi gêrah | sangêt datan emut | nulya wau aputusan | mantri Pajang lumajêng dhatêng Matawis | lampahipun akêbat ||

80. duta Pajang rawuh ing Matawis | wus apanggih lawan Senapatya | duta wus katur ature | nuntên susulan rawuh | sangking Pajang atur upaksi | yèn kang rayi wus seda | kalangkung gêgêtun | akathah ingkang karasa | Senapati waspanira adrês mijil | dening kang rayi seda ||

81. duta Pajang anêmbah nulya mit | sabature lampahe akêbat | rawuh ing Pajang enjinge | apan pinêtêk [pi...]

--- 456 ---

[...nêtêk] sampun | ya sigêgên datan winarni | Senapati Ngalaga | kang ganti winuwus | sampune ing pitung dina | karsanira Senapati ing Matawis | ingkang rayi ingangkat ||

82. Pangeran Tumênggung Gagak Baning | tinanêm anèng nagari Pajang | sampun atêtêp linggihe | mantri punggawa suyud | atanapi punggawa cili | ing Pajang wus atata | kadi duk karuhun | tan owah ingkang parentah | karanipun sitinggil kilèn puniki | tan purun sasamaa ||

83. wêwangunan Sultan Pajang nguni | sakathahe wêwêngkoning pura | ginêmpur lêmahdhuwure | myang pasareanipun | dèn ingêri wetan puniki | ênggènira awisma | pangeran tumênggung | sakilèning kitha Pajang | na astana mukmin saking Arab singgih | mila kitha ingêlar ||

84. linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil sawab barkate | dening pangran tumênggung | purwanipun batane uni | patute kitha Pajang | pasagi rumuhun | pangeran tumênggung seda | tan warnanên lamine gènira lalis | pinêtêk ing Mataram ||

85. ing dagane Ki Agêng Matawis | ingkang rama anênggih punika | sakilèn masigit gêdhe | ênggènira kinubur | nagarane ing Pajang iki | kagêntosan punika [pu...]

--- 457 ---

[...nika] | nênggih wastanipun | Pangeran ing Pajang ika | wus alama samana sampun asinggih | nêmbang durma ing ngarsa ||

42. Durma

1. Hnêngakna ing Pajang dyan kocapa |[44] nagara ing Matawis | sampun awibawa | Senapati Ngalaga | miyos saneba[45] ing mantri | kang para putra | santana samya nangkil ||

2. Adipati Môndaraka lunggwèng ngarsa | saha tinari-tari | paman Môndaraka | kadya apa ing karsa | ulun arsa ayêktèni | ingkang wirayat | Jêng Sinuhun ing Giri ||

3. Adipati Môndaraka aris mojar | ngong sakêthi umiring | karsa pakanira | Senapati ngandika | paman kalamon sawawi | Si Pangalasan | lumampaha mring Giri ||

4. angrêmbagi Kya Dipati Môndaraka | Pangalasan tinari | sira lumampaha | dhatêng Sinuwun Ngarga | aturêna surat mami | Ki Pangalasan | tampi sêrat pinundhi ||

5. sampun amit Pangalasan adan bubar | wong sawidak kang ngiring | tan kawarnèng marga | lampahipun akêbat | lumakya siyang myang ratri | dahat sirenggal | prapta ing Giri enjing ||

6. Panêmbahan ing Giri lagya sineba | myang para putra nangkil | muwah pra santana | pêpêk anèng paseban | Dyan Pangalasan Matawis | gya praptanira | linarapakên aglis ||

--- 458 ---

7. Pangalasan wus ingandikan ing ngarsa | anuli atur tulis | winacèng wardaya | dènira panêmbahan | mèsêm sarya ngandika ris | lah Senapatya | ing Mataram puniki ||

8. lamun ayun angyêktènana wirayat | amimitana dhingin | iya lumuruga | maraa ing bang wetan | iku pratôndha sayêkti | pun Pangalasan | anêmbah tumulya mit ||

9. Ki Pangalasan tumurun saking Arga | Dyan Panêmbahan Giri | maksih sinewaka | dening para santana | mangkya angandika aris | sapa uninga | rêke ing Giri èsthi ||

10. ujaring wirayat ing Mataram iki | ing têmbe Mangkubumi | kabèh nusa Jawa | samya ngidhêp Mataram | nadyan ing Giri puniki | sapa wêruha | yèn sisip-sisip iki ||

11. nanging parentahing Hyang tan kêna owah | apan uwis pinasthi | ing dahuru zaman | ratu dadi kawula | kawula kèh dadi gusti | tandhane ana | Pajang lawan Matawis ||

12. pra santana pra putra kabèh turira | panêdha amba iki | sampun mênangana | ing zaman kang mangkana | Rajèng Giri angling aris | wus karsaning Hyang | amasthi polah iki ||

13. ênêngêna Sang Rajèng Giri samana | kawarnaa Matawis | Senapati Nglaga | ika dawêk sineba | yuyunên dènira

--- 459 ---

nganti | sampun sawulan | dan Pangalasan prapti ||

14. Pangalasan jumarojog mring paseban | nulya sinapa aris | lah ta Pangalasan | aglis sira matura | sawêwêkas Rajèng Giri | ingaturêna | mring Rajèng ing Matawis ||

15. wêwêkase Raja ing Giri punika | wus ngaturakên sami | Senapati Nglaga | mangke alon ngandika | paman Môndaraka mangkin | ingwang dinuta | dèn Panêmbahan Giri ||

16. duk ing kina rama ngiring Sultan Pajang | munjuk dhumatêng Giri | ing wulan Mukharam | nadyan sun tumamaa | maring ing bang wetan mangkin | wulan Mukharam | anut marga rumiyin ||

17. ri sampunira mangke Raja Mataram | nulya putusan mangkin | dhumatêng ing Dêmak | lawan ing Kalinyamat | adan prasamya acawis | wusing samêkta | dhumatênga Matawis ||

18. wong Jagaraga adan samya siyaga | miwah wong Pajang sami | kabèh ingarahan | tumindaka angetan | dadya sira nulya cawis | tansah gêgaman | kawarna ing Matawis ||

19. ing nalika mangke ing wulan Mukharam | dyan Kyai Senapati | ing Mataram mangkat | lumuruga mangetan | sigêgên wadya Matawis | dan kawuwusa | ing Surapringga mangkin ||

20. sampun ingaturan dening kajinêman [kajinê...]

--- 460 ---

[...man] | kalamon wong Matawis | sampun lumuruga | mring nagari bang wetan | Dipati Surabayèki | wus aputusan | nagara wetan malih ||

21. ing Tuban Sidayu sampun ingutusan | Lamongan lan Garêsik | Dipati Lumajang | Kartasana lan Malang | ing Pasuruan Kadhiri | ing Wirasaba | wong Balitar acawis ||

22. ing Majapura Pringgabaya Pragunan | ing Lasêm wus acawis | Dipati Madura | Sumênêp Pakacangan | pan sampun atata baris | sampun anabrang | maring Surabayèki ||

23. samya pêpêk sakyèhing para dipatya | baris kagiri-giri | pan sêdya amapak | yudane wong Mataram | manawa tindak ngajurit | sêdya anôngga | yudane wong Matawis ||

24. wong Mataram prapta angêpung ing Japan | sêdya binêdhah wani | ya ta sikêp wetan | sampun kumpul ing Japan | wus ayun-ayunan jurit | ana ing Japan | sigêgên kang winarni ||

25. raja pandhita ing Giri ingaturan | kalamon wong Matawis | angêpung ing Japan | nanging nagara wetan | sadaya samya nulungi | wontên ing Japan | sami apacêk biting ||

26. sigra Panêmbahan ing Arga putusan | kaum sadaya iki | dhatênga ing Japan | sarya amawi surat |

--- 461 ---

kaum sadaya lumaris | ing lampahira | dhatêng ing Japan iki ||

27. tan kawarna ing marga wus praptèng Japan | nulya amondhok aglis | wong agung Mataram | iku wus kinongkonan | dening utusaning Giri | wong agung wetan | prasamya dèn kongkoni ||

28. sampun prapta wong agung wetan sadaya | miwah rajèng Matawis | apan sampun prapta | samya linggih atata | wus pêpêk para dipati | utusan Ngarga | nulya sira ngling aris ||

29. hèh wong agung Mataram wong agung wetan | ingsun dinuta iki | dening Panêmbahan | Ngarga mring pakanira | tur sarwi amawi tulis | lah piyarsakna | asmarane kang tulis ||

43. Asmarandana

1. Hèh kaki jêbèng Matawis | miwah jêbèng Surabaya | dening ta sira sun tongton | samya rêbut panjênêngan | nêdya awawan-wawan | lah uwis padha rahayu | iya dening lamon ana ||

2. pamiyakira Hyang Widdhi | kang ngandhap kang luhur ika | besuk ana tinêmune | ing mêngko pan durung môngsa | balik padha atuta | lah prajangjiya sirèku | pilih padha piniliya ||

3. wêwadhah kalawan isi | iku singa amiliha | yèn uwis milih mêngkono | sira padha asokura | ing Hyang kang Maha Mulya | titi winaos sratipun | Senapati nêkêm sirah ||

--- 462 ---

4. mirsa ungêle kang tulis | sarya sira angandika | lah yayi Surabayane | kayaparan karsanira | dikane Sunan Ngarga | pakanira lawan ingsun | mangke kinèn amiliha ||

5. irêngan kalawan isi | andika dhingin miliha | manira pan kari bae | nadyan kathah adipatya | miwah kang para nata | tan kinèn milih puniku | mung andika lan manira ||

6. wêwadhah kalawan isi | yayi pundi piniliha | manira atadhah bae | Dipati ing Surabaya | apikir jroning nala | ngong piliha wadhahipun | apan kothong kang wêwadhah ||

7. Senapati ngandika ris | lah kadipundi kang karsa | yayi pundi kang pinilèh | Dipati ing Surabaya | mojar lah inggih kakang | ulun milih isinipun | kita darbea wêwadhah ||

8. Senapati ngandika ris | inggih yayi karsandika | ngong kang duwe wêwadhahe | isine pan pakanira | wusing aprajangjian | pra dipati sami mantuk | dhatêng pasanggrahanira ||

9. tanapi Ki Senapati | wus mulih mring pasanggrahan | wus sineba ing wadyane | miwah kang para santana | Mandraka munggwing ngarsa | Senapati lon amuwus | alah Paman [Pa...]

--- 463 ---

[...man] Môndaraka ||

10. bumi bang wetan puniki | ing mangke pan duwèningwang | sapa ngisènana têmbe | raina wêngi ngong alap | pan iku buminingwang | yèn tan anuta maringsun | aywa ngancik buminingwang ||

11. lah wus bubarêna aglis | paman gêgaman Mataram | manira pan bubar mulèh | Senapati sampun bubar | mantuk dhatêng Mataram | miwah bang wetan wong agung | wus bubar mulih sadaya ||

12. ênêngakêna rumiyin | kocapa Susunan Ngarga | wus sinungan uning age | yèn Dipati Surabaya | amilih isi ika | Mataram irênganipun | Senapati kang ingalap ||

13. Panêmbahan ngandika ris | pan wis takdiring Hyang Suksa |[46] ing bang wetan pan kaduwe | marang ing Raja Mataram | èngêtna jangji padha | nuli binabadan sampun | paksa rusak tata janma ||

14. ênêngêna Rajèng Giri | kocapa ing Surabaya | tatkala sineba andhèr | pêpêk ingkang para putra | miwah mantri punggawa | ya ta nagara kang kidul | apan ngasenan[47] punggawa ||

15. lawan ingisenan mantri | pan ora antara warsa | wong wetan tumindak age | ing wande kang dhinatêngan | kinalahkên ing yuda | èngêta sangkalanipun | awas rusak tatèng janma ||[48]

16. anulya mundur sira glis |

--- 464 ---

wau lampahe wong wetan | saryantuk boyongan akèh | Dipati Pajang sung wikan | dhatêng Rajèng Mataram | yèn mangke pasitèn Warung | rinusak dening wong wetan ||

17. Rajèng Mataram sigra ngling | hèh iya Dipati Pajang | mênênga dhingin ing mêngko | ing bang wetan iku uga | kabèh pan duwèningwang | Dipati Môndraka matur | yèn sawawi lan andika ||

18. bang wetan puniku mangkin | lêhêng nuntên linurugan | Senapati sigra linge | alah paman sabarêna | benjing sasi Mukharam | dandana dawêk anglurug | dhatêng nagari bang wetan ||

19. manira tindak pribadi | tan pitaya anunggea | manawa wong wetan abot | sigêgên raja Mataram | kocapa Adipatya | Pranaraga nèng Madiun | apan lagi pagunêman ||

20. Natèng Madiun sigra ngling | paran mangkin karsa para | wong Mataram iki mêngko | amrih nagara bang wetan | dening arsa angrusak | wong wetan pinrih anungkul | marang nagara Mataram ||

21. iya ing Mataram iki | ing mêngko ta kaya wongwa | sakêkunang upamane | yèn ora gya sinirama | pasthine iki uga | nora wande lamon mabul | satêmah angômbra-ômbra [angômbra-ô...]

--- 465 ---

[...mbra] ||

22. nêdha siniram tumuli | sinayom dipati kathah | i[49] Mataram iki mêngko | mupung maksih alit ika | Dipati Pranaraga | aris dènira amuwus | inggih arêmbag kawula ||

23. sigra utusan sira glis | ing wau Jêng Panêmbahan | Madiun saha sêrate | wus lumampah dutanira | dhatêng ing Surabaya | Panêmbahan ing Madiun | sampun amêpêk gêgaman ||

24. myang Dipati Pranaragi | wus sami mêpêg gêgaman | wontên kang winuwus malèh | Dipati ing Surabaya | dawêgira sineba | prapta utusan Madiun | wus ingandikan mring ngarsa ||

25. sampun tinampan kang tulis | kang surat sampun winaca | sampuning maos tulise | dipati aris ngandika | iya duta matura | mring Panêmbahan Madiun | miwah yayi Pranaraga ||

26. lintang dening sun ngrêmbugi | aywa sumêlang ing driya | iya ingong utusane | sakèhing bupati wetan | dimone iya padha | bantua prang ing Madiun | sigra nuli ingutusan ||

27. sakèhing para bupati pati |[50] bang wetan wus ingutusan | sami mêpêk gêgamane | kalintang gênging gêgaman | sêmana sampun bubar | sakathahing baris agung | mring Madiun lampahira ||

28. sêdya abantu ing jurit | tan kawarna lampahira |

--- 466 ---

sigra prapta ing lampahe | nagara Madiun ika | mondhok wetan bêngawan | lir tasik tanpa têpiku | sigêgên datan winarna ||

29. kocapa Rajèng Matawis | sampun ngaturan uninga | yèn mangke wong tèn akèh |[51] sami nèng Madiun ika | arsa ngrisak Mataram | ya ta Senapati gupuh | amêpêk wadya balanya ||

30. ing Dêmak kalawan Pathi | apan sampun ingutusan | Warung Garobogan kabèh | ing Kêndhal lan ing Sêmarang | Kalinyamat wus prapta | saha gêgaman akumpul | wontên nagara ing Pajang ||

31. ing Kêdhu Bagêlèn sami | prapta sagêgamanira | Senapati bubar age | saha bala ing Mataram | kumpul gêgaman Pajang | ing marga datan winuwus | ing Kalidhadhung wus prapta ||

32. sampun pamondhokan sami | kilèl[52] lèpèn prênahipun |[53] apan andhênêng[54] barise | dening têtiyang bang wetan | mondhok wetaning toya | sami arêrangkah sampun | wong cilik mangsang bitingnya ||

33. pamondhokan wong Matawis | pranahe[55] kilèning kitha | Madiun kali êlête | matur Dipati Môndraka | paran karsa andika | wong Pranaraga Madiun | pan sami tumut mangetan ||

34. Panraga barise mijil |

--- 467 ---

pangawat kiwa gènira | Pangran Madiun barise | nanging ika dèrèng mêdal | paman têka mindêla | ana malih dayaningsun | Senapati angandika ||

35. hèh Adisara sirèki | ingsun jaluk gawenira | lah mêngko sira sun kongkon | Adisara aturira | inggih nuhun sandika | nadyan dhumatênga lampus | kawula datan lênggana ||

36. Natèng Matawis sigra ngling | Adisara malêbua | ing gêni gawanên mangko | surat ingsun aturêna | dhumatêng Panêmbahan | ing Madiun dipun katur | lan sira apêpaesa ||

37. paèsira dèn abêcik | saksana pun Adisara | ing wau sampun apaès | dhasar wong ayu utama | karêngga ing busana | kadi murcaa dinulu | Senapati angandika ||

38. lah sira saosa joli | Jaya Antaka milua | baturmu gawanên kabèh | wong patang puluh milua | dèn prayitna ing baya | lan Si Angabèi Warung | milua mring Adisara ||

39. lamon sira dèn takoni | iya marang wong bang wetan | warahên ingsun kalamon | anungkul mring Panêmbahan | ing Madiun aseba | Adisara wêkas ingsun | kalamon sira ginebang ||

40. maring paranakan sami | ing Madiun ladènana | aja têka satêmêne [satê...]

--- 468 ---

[...mêne] | Ni Adisara anêmbah | sampun anitih jolang | mangkat kang ngiring kumutug | pan sarwi binêktan surat ||

41. upacaranira asri | munggèng ngandhaping jampana | amalatar jajarane | upacara pinayungan | apan rineka-reka | kadi putri lampahipun | mojar Dipati Môndraka ||

42. kadipundi tingkah iki | mèsêm Senapati nabda | sadhidhik sun srah gembange | Rajèng Madiun kang nala | kocapa Adisara | lampahira pan lumintu | anêrang wong pabarisan ||

43. wong wetan atanya sami | puniki joli punapa | Jantaka aris ature | puniki raja Mataram | atur panungkulira | mring Panêmbahan Madiun | wong wetan sami angucap ||

44. lah sokur ing wong Matawis | tandhane anungkul ika | maring Panêmbahan ingong | pan pintêre wong Mataram | duga kasoran dadya | nungkul wikan ngawakipun | rinasa datan kawawa ||

45. ana lèn wadyèka angling | ywa girang gumuyu sira | ngong wruh ing lêluwangane | akalnya rajèng Mataram | dibya sêkti aguna | ana lyan ika amuwus | kadya datan mangkanaa ||

46. kocapa Madiun iki | ingkang baris ing jro kitha | Adipatya

--- 469 ---

Madiune | rikala lagya sineba | pêpêk mantri pramônca | Panêmbahan ing Madiun | arsa miyos benjang enjang ||

47. wong agung bang wetan nênggih | pagunêman pasanggrahan | Pangeran Madiun mangko | dèn antya ring wiyosira | apa iki wadinya | wong Madiun ora mêtu | têka amêmawa kêmba ||

48. mangkana ingkang winarni | Pangran Madiun punika | lagya agunêm wiraos | dèrèng tutug angandika | kalawan kang punggawa | Adisara nulya rawuh | jumarojog ing paseban ||

49. Adisara anungkêmi | ing padane Panêmbahan | ingkang seba cingak kabèh | kagyat dènira umulat | samya ling ring tyasira | wong ngêndi baya kang rawuh | têka anungkêmi pada ||

50. Dipatya Madiun angling | lah babo sira linggiha | arsa atêtanya ingong | lah sira iki wong apa | ing ngêndi wismanira | lan sapa aranirèku | lawan apa karêpira ||

51. saksana mundur tumuli | ing wau pun Adisara | anêmbah umatur alon | kawula ingkang putusan | têtiyang jêngandika | pun Senapati Matarum | kawula pun Adisara ||

52. kawula dinuta gusti | umarêk dhatêng paduka | angaturakên surate | pun Senapati Ngalaga | katura ing paduka | pun Senapati anungkul |

--- 470 ---

datan lênggana ing karsa ||

53. Dyan Rajèng Madiun nuli | anampani ingkang surat | Sang Nata ngandika alon | lah atmaja ngong Mas Lonthang | kita macaa surat | dadya Ki Mas Lonthang sampun | manêmbah amaca surat ||

54. bêbukanirèng tulis |[56] punika sêmbah kawula | pun Senapati jatose | apan ta datan anêdya | amêngsah Panêmbahan | pun Senapati anungkul | ngawulèng ing Panêmbahan ||

55. têtiyang sampeyan dhingin | Madiun kang wisma Pajang | paduka sunga cacahe | pintên kathahnya sadaya | amba angantukêna | dhatêng nagri ing Madiun | Mataram kagungan tuwan ||

56. titi wêkase kang tulis | natèng Madiun ngandika | lah iya tarima ingong | pracayane sutaningwang | Senapati Ngalaga | kaya ngapa wong Madiun | ing karêpira sadaya ||

57. Pangran Madiun sigra ngling | kadya pa ngong tan nuruta | pan sêdya rahayu bae | lah Adisara matura | marang ing sutaningwang | apan ora sêdya ingsun | amungsuha lan Mataram ||

58. dening wong bang wetan iki | nêdya mungsuh ing Mataram | lah ana karêpe dhewe | matura ing putraningwang | karsane wong tang[57] wetan | ingsun ora milu-milu | pun Adisara turira ||

59. yèn kawula [ka...]

--- 471 ---

[...wula] dèn takoni | dhumatêng pun Senapatya | wadya paduka sakèhe | apacak baris gêgaman | punapa si botêna | ngandika rajèng Madiun | ngong baris têngga nagara ||

60. alah mara ôndhamoi | sakèh baris bubarêna | atur sêmbah ingkang kinon | binubarakên sadaya | wus mantuk sowang-sowang | wau barising Madiun | umatur pun Adisara ||

61. wêlingipun Senapati | kawula kinèn anêdha | kakoloh pada Sang Katong | kinarya jimat trêsôndha | dening pun Senapatya | ya ta raja ing Madiun | amasuhi padanira ||

62. Adisara anadhahi | munggwèng ing bokor salaka | natèng Madiun dêlinge | ingsun dipun andêlêna | ing anak Senapatya | ingsun ora milu-milu | ing yudane wong tang wetan ||

63. Ni Adisara wus amit | sampun anitih jampana | bubar lawan sabature | wus mêdal jawining kitha | tansah dados tongtonan | sakèhe bala Madiun | sami eca manahira ||

64. samana pan sampun prapti | pondhoke tiyang Mataram | Senapati winiraos | apan ta lagi alênggah | pun Adisara prapta | asuka ing manahipun | Senapati ing Ngalaga ||

65. paèse mêksih abêcik | Adisara marenea [ma...]

--- 472 ---

[...renea] | atur sêmbah ingkang kinon | cundhuk anungkêmi pada | wau Ni Adisara | sasolahe sampun katur | mring Senapati Mataram ||

66. kala bubarakên baris | miwah duk anèng ing marga | ambucal toya kakoloh | kang munggèng bokor salaka | kantun sapalih ika | siniramkên sikilipun | dhatêng pun Puspakancana ||

67. Adisara matur malih | ing wasana aturira | inggih kawula atakèn | punapa darbe atmaja | èstri kang lêwih endah | lingipun yèn darbe sunu | diwasa tan arsa krama ||

68. mangkatên lingnya sang putri | benjang ngong arsa akrama | yèn ana mrêtuwa têmbe | manêmbah ring mantunira | iku pakramaningwang | lawan pêpanggil panyukur | yèn tan mangkana tan arsa ||

69. mèsêm Senapati angling | midêra sèwu nêgara | môngsa olèha wadine | kang kadya Si Adisara | lah ngong dahat tarima | lakunira ingong utus | lah benjing sun ganjar sira ||

70. ri sampuning mangkanèki | Adipati Môndaraka | èngêt ing tyas sigra linge | hèh Ki Senapati kita | apa kita mirsaa | wirayat duk praptanipun | Kiyai Ôntakusuma ||

71. Senapati anauri |

--- 473 ---

saure dahat tan mirsa | wirayat ika jatine | Adipati Môndaraka | gya atutur wirayat | mangke tan wirayatipun | praptaning Kyantakusuma ||

72. ulês-ulêse kinardi | rasukan mring Jêng Susunan | Lèpènjaga sadadose | rasukan gya tinakenan | mring Jêng Susunan Bonang | karya punapi puniku | Jêbèng Kali pakanira ||

73. ature Susunan Kali | ulês rumiyin punika | kawula damêl ing mangke | rasukan inggih manawa | amarêngi ing benjang | dados anggèn-ênggènipun | kang bêkêli tanah Jawa ||

74. apan sasampuning dadi | ingkang rasukan punika | Sultan Dêmak Sultan Paos | kala jênênge samana | pan boya pinatêdhan | manawa manawinipun | bok marêngi pakanira ||

75. lah nêdha cinoba ugi | puniku Ki Senapatya | kita suhuna ing mangke | satêngah iku dadia | ing pasanggirinira | yèn kapatêdhakna iku | tuduh pasthi kang pangèstya ||

76. Senapati tumulya ngling | inggih kadipundi paman | atur manira pênêde | dhatêng Kajêng Panêmbahan | Kya Môndaraka mojar | môngsa kiranga puniku | ing budi atur prayoga ||

77. aglis mêsat Senapati | saha wadya kêkapalan | mung kawan dasa kathahe | kadi angin lampahira |

--- 474 ---

kêbat anulya prapta | aran dhepok Ngadilangu | prapta cumundhuk manêmbah ||

78. sumungkêm ing pada kalih | mangusap lêbu suku sang | Panêmbahan anabda lon | ana pa kita bageya | Ki Jêbèng paran karya | pan kita lagya prang pupuh | têka umarêk maringwang ||

79. Senapati sigra angling | saha sambah[58] aturira | dhumatêng Susunan Lèpèn | mila amba mangke prapta | atilar pabarisan | sêdya nuhun sabda wuruk | rèh parigêl Panêmbahan ||

80. dening ta ulun puniki | yèn aprang asring katiban | kaprawasèng ing mimise | punika amba rumasa | jasat sakit katiban | mila amba nuhun wuruk | têtulak braja tumama ||

81. mèsêm sinuhun sarya ngling | iya bênêr tingka sira | ki bayi ing saêlinge | bêcik sira anganggoa | aling-alinging badan | sigra anulya pinundhut | iki anggon-anggonira ||

82. nanging ing wêwêkas mami | Ki Bayi marang ing sira | iki aja sira anggo | kalane asukêr sira | lah iki wruhanira | pasujudan dalêm tuhu | Kangjêng Nabi Rasulolah ||

83. sigra nêmbah Senapati | abukuh palungguhira | lajêng sujud ing mukane | malah konjêm ing buntala | gèn

--- 475 ---

nampèni wasiyat | kang sangking Jêng Sinuhun |[59] Lèpènjaga wus tinampan ||

84. Senapati tumulya mit | manêmbah nungkêmi pada | wusing sud mêsat age |[60] sangking ngarsa Panêmbahan | Senapati Ngalaga | sawadyanira akumpul | kawan dasa kêkapalan ||

85. lampahe kêbat lir angin | wus prapta ing pabarisan | ing Madiun wadya ngantos | ing praptane Senapatya | miwah Kya Môndaraka | angraos dhatêng pangèstu | sigra durmane tinêmbang ||

44. Durma

1. Kawarnaa Adipati Môndaraka | matur mring Senapati | lah ki Senapatya | kadipundi wêkasnya | dening wong wetan puniki | aris ngandika | Senapati Matawis ||

2. inggih ing dintên Kêmis punika |[61] ngong wêdali pribadi | lan malihe paman | aprajangji manira | yèn wong wetan ika wani | anabrangana | manira pagas ngriki ||

3. Adipati Môndaraka aris mojar | lah ta Ki Senapati | aja ta mangkana | dhinginkên takaburnya | bilih mungsuh iku ugi | wani nabranga | tan wande ingsun benjing ||

4. anglampahi darbe ratu pêpagasan | Senapati sru angling | sarwi ngêpêl sêga | paman rika mindêla | ya ta binuwang tumuli | sêkul kêpêlan [kêpê...]

--- 476 ---

[...lan] | rinêbut dening anjing ||

5. datan gêmpil rinêbut asu têtiga | sêkul sakêpêl iki | malah pothèl samya | untuning asu ika | kang paman angling jro ati | sapa mungsuhnya | yèn Senapati runtik ||

6. kawarnaa wadyabala ing Mataram | prapta ing dina Kêmis | sampun asiyaga | sabusananing yuda | arsa mêtoni ngajurit | mêpak gêgaman | anèng sajroning biting ||

7. angandika Senapati ing Ngalaga | yayi Mas Mangkubumi | lah sira dadia | pangawat anèng kanan | wong Kaliwungu Sêmawis | lawan ing Dêmak | angiringa ing yayi ||

8. myang ariningong yayi Mas Singasêkar | dadi pangawat kèri | lan wong Garobogan | Warung myang Kalinyamat | atanapi wong ing Pathi | padha ngiringa | yayi pangawat kèri ||

9. wong ing Pajang dadyaa kang gêgunungan | dening ta ulun iki | lan paman Môndraka | tan kêna binastua | saprayoga gon mêtoni | lah agya padha | nabranga sirèng kali ||

10. Paman Môndaraka lah kita kantuna | ulun anabrang dhingin | mung têngran manira | paman ayya pinasang | yèn manira dèrèng prapti | ing sabrang wetan | yyan ulun wus nabrangi ||

11. tumulya têngran iku gya

--- 477 ---

pasangana | suraka têpyèng kali | ri sampun mêmêkas | Senapati Ngalaga | sampun anitih turanggi | ngrasuk wasiyat | bajo tambaling jawi ||

12. kang umiring wadya satus pêpilihan | samya wahana wajik | saksana anabrang | Senapati angetan | wadyanya satus angiring | datan abênggang | lampahira lêstari ||

13. Senapati sapraptaning sabrang wetan | agya wadyèng Matawis | umadêg dwajanya | tôndha mêtoni yuda | têngranira Senapati | umadêg sigra | surak wadya Matawis ||

14. wadya wetan surak prasamya adandan | wadyèng Mataram mijil | saha sanjatanya | suraknya lir ampuhan | bêndhe umuni tinitir | têngran prangira | Senapati Matawis ||

15. tinub ing kwèh binrondong ing bêdhil munya | warnanên Senapati | agya anarajang | manêmpuh sing iringan | wadyanya samya angiring | saha turôngga | sarêng mamuk ngajrihi ||

16. wadyèng wetan kabèh wruh sarya ngling sira | hèh rowang dèn ngatyati | ngingêrna sanjata | kidul lah tingalana | ika uga Senapati | kalambya tambal | padha wahana wajik ||

17. wadya wetan gya mingêr saha sanjata | ya ta Ki Senapati | binendrong bêdhilnya |

--- 478 ---

kasasang[62] ganjur atap | wadya wetan akèh mati | pan ingamukan | limbung tangkêping jurit ||

18. Senapati ngamuk lan Kya Môndaraka | ya ta wadyèng Matawis | wus samya anabrang | Pangeran Singasêkar | manglambung sangking ing kèri | kang mêtyèng kanan | Pangeran Mangkubumi ||

19. Senapati kuda ran puspa kancana | kang tinitihan jurit | napas ulêsira | agêng inggil arosa | karoban mimis tan gingsir | pangamukira | anepak angidêki ||

20. Adipati Môndraka pangamukira | apan karwa cêmêthi | ran Ki Sapujagat | sakèhing kang katêrak | wadya wetan akèh mati | myang ganjur watang | kasampe tigas panjing ||[63]

21. Senapatya tandangnya kagila-gala[64] | kang tinêmpuh kyèh mati | umiris kang gêsang | buyar gya palayunya | kawiting prang wanci enjing | malah tumêka | lingsir kilèn mêkasi ||

22. wadya wetan larut tan môngga puliha | myang wêdyèng Pranagari | malaywa sasaran | apan sarwi angucap | wong Madiun dèn pisuhi | nyata kaparat | têka ambalenjani ||

23. witing gawe Madiun ingkang angajak | mêngko angapirani | ya ta amiyarsa | mèsêm Ki Senapatya | pangucapira wong cilik | wong Pranaraga | angusi kutha sami ||

--- 479 ---

24. wusing bubar larut wong wetan sadaya | Dipati Môndraka ngling | hèh Ki Senapatya | de puniku kang kuda | uwus mati dèn tunggangi | Ki Senapatya | gya tumêdhak sigra ngling ||

25. hèh têka dahuwe Kyai pakanira | apan puniku ugi | kala lingsir wetan | sampune gone pêjah | nulya rubuh punang wajik | Ki Senapatya | sigra ngandika aris ||

26. lah sakèhe iya anak putuningwang | miwah satêdhak mami | aja ana nganggya | jaran kang ulês napas | manawa tan kadya mami | sawuriningwang | dyan kawarnaa mangkin ||

27. wong Mataram kang buru bali sadaya | nulya anjêjarahi | wong Madiun ika | samya eca manahnya | sawarnining kêbo sapi | aglar pangonan | eca anambut kardi ||

28. ya ta kagèt wismanira ingobongan | tur sarwi dèn jarahi | kang bôngga tinumbak | têtiyang asasaran | prasami angungsi wukir | kang ngungsi kitha | akèh kaboyong kari ||

29. Natèng Madiun wus ngaturan uninga | lamun bala Matawis | praptane jêjarah | kang bôngga pinatenan | wong Madiun dèn boyongi | sri naranata | gêgêtune artati ||


Kurang satu suku kata: nira Sultan ing Pajang (kembali)
Kurang satu suku kata: nira Sultan ing Pajang
sang (kembali)
sang
Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 7u, lathinira kumêdut (kembali)
Kurang satu suku kata dan guru lagu seharusnya: 7u, lathinira kumêdut
pracihnane (kembali)
pracihnane
singsim (kembali)
singsim
Kurang satu suku kata: apan sora ulun apêranga (kembali)
Kurang satu suku kata: apan sora ulun apêranga
Kurang satu suku kata: pêjah gêsang pan ulun ikang nglêboni (kembali)
Kurang satu suku kata: pêjah gêsang pan ulun ikang nglêboni
Kurang satu suku kata: kacarita ana desa Mayang (kembali)
Kurang satu suku kata: kacarita ana desa Mayang
pandêlêgan dan di tempat lain (kembali)
pandêlêgan dan di tempat lain
10 Kurang dua suku kata: prayogane senapati sun aturi (kembali)
Kurang dua suku kata: prayogane senapati sun aturi
11 kinèngkèn (kembali)
kinèngkèn
12 kang jumênêng Pajang nagari (kembali)
kang jumênêng Pajang nagari
13 Kurang satu suku kata: awismaa mapan jumênênga aji (kembali)
Kurang satu suku kata: awismaa mapan jumênênga aji
14 abêcik (kembali)
abêcik
15 Kurang satu suku kata: dening Suksma jumênêng aji (kembali)
Kurang satu suku kata: dening Suksma jumênêng aji
16 unggyanira (kembali)
unggyanira
17 Kurang satu suku kata: alinggiha ing pajang jumênêng aji (kembali)
Kurang satu suku kata: alinggiha ing pajang jumênêng aji
18 wêling (kembali)
wêling
19 angkuhipun (kembali)
angkuhipun
20 Kurang satu suku kata: bênêr Pangêran Banawa (kembali)
Kurang satu suku kata: bênêr Pangêran Banawa
21 Lebih satu suku kata: pan iku kang duwe waris (kembali)
Lebih satu suku kata: pan iku kang duwe waris
22 Kurang satu suku kata: lawan wong Kudus barisan (kembali)
Kurang satu suku kata: lawan wong Kudus barisan
23 Kurang satu suku kata: nira Dipati ing Dêmak (kembali)
Kurang satu suku kata: nira Dipati ing Dêmak
24 Kurang satu suku kata: myang kang gulakalapa (kembali)
Kurang satu suku kata: myang kang gulakalapa
25 Lebih satu suku kata: lawan wadya ing Mataram (kembali)
Lebih satu suku kata: lawan wadya ing Mataram
26 sigra (kembali)
sigra
27 tunggu (kembali)
tunggu
28 Lebih satu suku kata: angungsi anèng jro pura (kembali)
Lebih satu suku kata: angungsi anèng jro pura
29 Kurang satu suku kata: kita jumênênga mangke (kembali)
Kurang satu suku kata: kita jumênênga mangke
30 Kurang satu suku kata: jumênêng nata pandhita (kembali)
Kurang satu suku kata: jumênêng nata pandhita
31 Kurang satu suku kata: jênêng para ratu (kembali)
Kurang satu suku kata: jênêng para ratu
32 Kurang satu suku kata: tan kêna pasahêna (kembali)
Kurang satu suku kata: tan kêna pasahêna
33 Kurang satu suku kata: wong Bantên kinipatakên agya (kembali)
Kurang satu suku kata: wong Bantên kinipatakên agya
34 watêkira (kembali)
watêkira
35 Kurang satu suku kata: Radèn Rôngga ri sêdhêng prapta ningali (kembali)
Kurang satu suku kata: Radèn Rôngga ri sêdhêng prapta ningali
36 Radèn (kembali)
Radèn
37 Kurang satu suku kata: adêdolan ing karsa sampun alami (kembali)
Kurang satu suku kata: adêdolan ing karsa sampun alami
38 Lebih satu suku kata: yèn ula ing dharat bae (kembali)
Lebih satu suku kata: yèn ula ing dharat bae
39 Kurang dua suku kata: kang anglangkungi karosan (kembali)
Kurang dua suku kata: kang anglangkungi karosan
40 sawêr (dan di tempat lain) (kembali)
sawêr (dan di tempat lain)
41 Lebih satu suku kata: punang sawêr nêlaskên karosan (kembali)
Lebih satu suku kata: punang sawêr nêlaskên karosan
42 Kurang satu suku kata: mumpung sira agêsang (kembali)
Kurang satu suku kata: mumpung sira agêsang
43 Kurang satu suku kata: anuntên wau arine (kembali)
Kurang satu suku kata: anuntên wau arine
44 Kurang dua suku kata: hênêngakêna ing Pajang dyan kocapa (kembali)
Kurang dua suku kata: hênêngakêna ing Pajang dyan kocapa
45 sineba (kembali)
sineba
46 Suksma (kembali)
Suksma
47 ngisenan (kembali)
ngisenan
48 Sengkalan: awas rusak tatèng janma (1502 A.J.). (kembali)
Sengkalan: awas rusak tatèng janma (1502 A.J.).
49 ing (kembali)
ing
50 Lebih dua suku kata: sakèhing para bupati (kembali)
Lebih dua suku kata: sakèhing para bupati
51 Kurang satu suku kata: yèn mangke wong wetan akèh (kembali)
Kurang satu suku kata: yèn mangke wong wetan akèh
52 kilèn (kembali)
kilèn
53 Guru lagu seharusnya: 8a, kilèn lèpèn prênahira (kembali)
Guru lagu seharusnya: 8a, kilèn lèpèn prênahira
54 andhêndhêng (kembali)
andhêndhêng
55 prênahe (kembali)
prênahe
56 Kurang satu suku kata: bêbukanirèng kang tulis (kembali)
Kurang satu suku kata: bêbukanirèng kang tulis
57 bang (dan di tempat lain) (kembali)
bang (dan di tempat lain)
58 sêmbah (kembali)
sêmbah
59 Kurang satu suku kata: kang sangking Kangjêng Sinuhun (kembali)
Kurang satu suku kata: kang sangking Kangjêng Sinuhun
60 Kurang satu suku kata: wusing sujud mêsat age (kembali)
Kurang satu suku kata: wusing sujud mêsat age
61 Kurang dua suku kata: inggih benjing ing dintên Kêmis punika (kembali)
Kurang dua suku kata: inggih benjing ing dintên Kêmis punika
62 kasangsang (kembali)
kasangsang
63 pancing (kembali)
pancing
64 kagila-gila (kembali)
kagila-gila