45. Dhandhanggula

1. Panêmbahan Madiun nabdaris | tan anyana ingsun wong Mataram | têka mangkene [mang...]

--- 480 ---

[...kene] polahe | sun jêjuluki iku | wong Mataram wisa martani | marta lair kewala | wisa kalbunipun | Panêmbahan angandika | mring kang garwa miwah para putra èstri | lah padha adandana ||

2. Panêmbahan putrane kêkalih | pambajênge èstri ayu endah | Rêtna Jumilah namane | Mas Lonthang ingkang jalu | karsanira sri narapati | putra èstri tinilar | anèng jro kadhatun | lah nini sira karia | apan sira kang rinêbut ing ajurit | dening Ki Senapatya ||

3. wus pantêse wong bêdhah nagari | ambêboyong jarah rajabrana | kang kalah kalap putrine | kantuna anak ingsun | tunggwanana byantaranèki | waduningwang sapindhah | tunggwaa kitèku | sang putri nangis alara | saha sambat dyah ayu kaswasih-asih | gumuling gya kantaka ||

4. ibuning kang parêngnya manangis | taman bisa mampêh ring lulutnya | lara-lara karunane | dhuh nyawa sutèng ulun | kadya paran lah kita nini | tinilar ing yayahnya | wadu dalêm umung | manangis taman parungwan | wanèh wadu aneka manibèng siti | ana lèn gêgulungan ||

5. apuyêngan wong sadalêm puri | balulungan kawês gatinira | Sang Nata anglês ing tyase | angling

--- 481 ---

mring grahanipun | lah kita gya dandana aglis | apan ta sutanira | srahêna Hyang Agung | grahanya nangis alara | sutanya dyah Jumilah tamane ngênting | patilaring yayahnya ||

6. Natèng Madiun ika wêwêling | ring parêkannya têngga nêgara | hèh pêcil parêkan kabèh | kang tunggwa sutèng ulun | lah iki kêris dèn bêcik |[1] sungêna gustinira | ing sapungkur ingsun | wus pasthi wasiyat ingwang | Si Gumarang gya sungêna yyan anglilir | pêcil mring gustinira ||

7. agya mêsat ira[2] sri bupati | pan kalindhih têtunwaning wisma | wus dhumêsêk ing agnine | mantri awan arêbut | palayunya tiba atangi | mangungsya ring bang wetan | lèn mangungswa gunung | risang nata palayunya | ngalor ngetan Wirasaba kang dèn incih | saha graha tan pisah ||

8. Ki Mas Lonthang ciptèng tyas angungsi | Surabaya lèn karsa myang rama | mantri kabèhnya parane | samya ya rêbut kayun | kawarnaa ika kang kari | Sang Dyah Rêtna Jumilah | putri ing Madiun | salilirira kantaka | kang wasiyat curiga katur sang putri | mila angèsthi pêjah ||

9. agya dhatêng wadya ing Matawis | kithèng Madiun sampun kinêpang | sampun katur ing wartane | yèn natèng ing Madiun | sampun lolos tilar nagari | kantun putra wanodya | anèng jro kadhatun | Senapati [Sena...]

--- 482 ---

[...pati] dahat rêna | gya tumama byantara sang dyah ningali | dhatêngnya Senapatya ||

10. ciptanira sang dyah jroning ati | Senapati iki mêngko pêjah | aglis sinambut pastule | [3] Senapati pinastul | kaprawasèng jaja ngênèni | Senapati tan pasah | mèsêm sarya laju | sang dyah glis nyandhak sarampang | tinêmpuh Sang Senapati tan gumingsir | sang dyah mengo smu merang ||

11. sang suputri mangêntyakkên gêndhing | gya umundur maring pasarean | tumulya narik dhuwunge | Gumarang aranipun | Panêmbahan ika ningali | nulya mênggah ing manah | amicarèng kalbu | dudu padu iki uga | yèn paksanên tan wande amitayani | sena ampungan ||[4]

12. ciptanira sang dyah jroning ati | baya sira tan amangan sêga | yèn tan tumama ing kene | pasthi sira ngong suduk | Senapati alon alinggih | munggwing mêdyaning lawang | lingnya saha ngungrum | ingasmaran sing kadohan | rinarêpa Senapati ngasih-asih | saha prayitnanira ||

13. aminta sih lingnya Senapati | dhuh kusuma ulun iki nêndha |[5] pangapuranira anggèr | saking kwèh sisip ulun | apan ulun iki srah pati | dahat ulun tan nêdya | rumusak Madiun | watêking wadya akathah | wong Mataram [Ma...]

--- 483 ---

[...taram] tan kenging ulun pêpênging | wadya lit angrêrayah ||

14. bok sampun sangêt amitambêhi | mring gêgêbale pun Senapatya | lah mirah sapanên anggèr | mirah andika muwus | lah punapa winalanggalih | apan mêksih gumêlar | sajroning kadhatun | kalamon wontên kang rusak | gêgêbale pun Senapati wilèni | anggèr kagunganira ||

15. nadyan silih ajia sakêthi | ulun mirah kang angilènana | nanging sinapaa bae | sangking ing sisip ingsun | pan sumôngga ing ôngga iki | sakarsa ngukumêna | pan ulun jumurung | yèn tan wontên pangaksama | pan sumôngga dasihe datan gumingsir | katrap ngukum sang rêtna ||

16. Senapati dan lingira malih | yèn kenginga kawula anêdha | pangapuranira anggèr | dahat kwèh sisip ingsun | sayêktose kawula gusti | apan dahat tan nêdya | rumusak Madiun | watêking wadya akathah | wong Matawis tan kenging kawula pênging | wong cili angrêrayah ||

17. sangking awone wadyèng Matawis | gustiningsun anggèr nuhun duka | tibaa dasih ukume | sumôngga ing babêndu | mapan ulun atadhah runtik | suka yèn pêjahana | kawula sang ayu | upama dirada mêta | padhanana tan wande ambêbayani | sapa ingkang nônggaa ||

18. tan aetang yèn amanggih pati | saking tan ana lèn kang kacipta [kaci...]

--- 484 ---

[...pta] | baya sira musthikane | rat jagat tan anêmu | ayunira dahat ngantèni | ing rat sapta buwana | sapta wiyat iku | pangrasa kawula dewa | tan amanggih gandêse akarya brangti | wong canggèh ing jro tilam ||

19. Senapati nglosod angyatnani | angrêpa pan sangking doh sira |[6] anêlasakên baude | gusti dhuh jiwaningsun | ukumêna pun Senapati | sangking sisip pun kakang | anuhun bêbêndu | atêmbung tadhah mastaka | malah mandar wong ayu maria runtik | asiha ing pun kakang ||

20. Rêtna Jumilah ring manah rigrik | amiyarsa salingirèng priya | Senapati pangrurume[7] | angganira marlêsu | bayunira lwir dèn lolosi | asta cape sakala | dhuwung nulya runtuh | Senapati pan uninga | yèn sang putri gumiwang salwir pakarti | dhuwung runtuh ing lêmah ||

21. Senapati nulya amarani | gya sinambut dhuwung kang lêligan | wus sinarungakên age | gya winangking sang prabu | sang dyah ayu nulya sinandhing | pan sarwi rinarêpa | dhuh rêtnaning ayu | dedea kang anônggaa | pêpanggile kadya tan dadia takir | kaprawasènga katga ||

22. lah ing mangke kêrisira gusti | sun arani mangke Si Gupita | dening punika margane | andika sih maringsun | sa[8] dyah ayu datan nauri | maksih

--- 485 ---

cêngêng umulat | tyasira gêgêtun | ping kalih maksih karasa | ing rusake nagara Madiun iki | lolose ingkang rama ||

23. Senapati tansah ngasih-asih | pan adangu dènira ngrêrêpa | malah hyang rawi surupe | gumanti kang sitangsu | Panêmbahan dènnya ngrêrêngih | dhuh gusti jiwaningwang | kang asawang madu | ngandikaa mring pun kakang | ing sakêcap pratôndha andika asih | kawula ngastupada ||

24. têkakêna dhêndhanira gusti | dening rusake nagaranira | wong bang wetan kang agawe | wong Mataram wus bingung | tan uninga ing ala bêcik | têka padha ngrêrayah | mangke katarucut | punika ingapuraa | sakathahe dosane tiya[9] Matawis | pan abdi jêngandika ||

25. Rêtna Jumilah sigra ngling aris | kari siji pêpanggil kawula | Senapati aywa kagèt | ingsun ngagêm panyukur | ing sajroning apulang rêsmi | yèn tan busik tan babak | tuhu gustiningsun | ya ta sang ayu ingaras | Senapati datan darana ningali | ingêmban mring jro tilam ||

26. sang dyah ayu tan kawasa tampik | pêpanggile panyukur kinarya | alandhêp waja ginawe | dèrèng prapta sadalu | kang panyukur wus ngali-ali | pratôndha yèn tinêkan | sang dyah putrèng ratu | dening Sang Rêtna Jumilah | kadyangganing katiban wongwa kasami | asru panjolanira [panjo...]

--- 486 ---

[...lanira] ||

27. prapta raina miyos tinangkil | praptèng ing jawi pêpêk sadaya | myang pra mantri santanane | miwah pra putra kumpul | Adipati Mandraka nênggih | samya lunggwèng ing ngarsa- | nya Rajèng Matarum | lawan kang para dipatya | samya nangkil miwah Adipati Pathi | saya duwe pangrasa ||

28. raganira tansah dèn tingali | dahat sanès lawan saban-saban | lwir kang pangantèn sêmune | amicarèng tyasipun | kaya ngapa Ki Senapati | tan arsa abubaran | lawas nèng Madiun | iya dhawaknya akrama | apan ingsun datan anggawa pawèstri | pan ingsun tan abêtah ||

29. sigra pamit Adipati Pathi | inggih kakang ing ulun punika | nuhun yun mantuk wiyose | ing Pathi wontên mungsuh | nguni sontên utusan prapti | sung wruh dhatêng kawula | bojo ulun ngutus | pan ulun kinèn mantuka | lah ing mangke ulun iki kinèn pamit | mantuka mring Santênan ||

30. Senapati sigra dènnya angling | hèh ta ari kita yèn sambada | ayya kita mulih age | yèn pasthi ana mungsuh | benjang ulun kang anangguhi | Dipati ing Santênan | sru mrêdya mit mantuk | saha duka-duka tuwan | apan ulun inggih umantuk mring Pêpathi |[10] Senapati gya mojar ||

31. alah iya sakarsanya ari |

--- 487 ---

yyan kita tan kêna ngong ampaha | akêdaha karsa mulèh | dipati gya wotsantun | sigra bubar asêmu runtik | lampahira akêbat | warnanên kang kantun | Senapati ing Ngalaga | sigra mojar mring wadya para bupati | myang paman Môndaraka ||

32. wruhanira ari ngong ing Pathi | arsa ambalik mungsuh maringwang | Kya Môndaraka gya ture | punapa karanipun | kita mojar kadya puniki | Senapati lingira | wus pasthi Hyang Agung | wis aywa na winicara | pan ing mêngko manira arsa nglampahi | mring bumi Pasuruan ||

33. hèh paman Môndaraka kita glis | bubarêna wadya ing Mataram | sigra Môndraka ambêndhe | wadya Mataram grêgut | asiyaga anata baris | ya ta wadya bubar |[11] sumrêk lampahipun | Senapati sigra mangkat | munggwing wuri ginarêbêg wadya mantri | tan kandhêg lampahira ||

34. kêbating lampah anulya prapti | Pasuruan sigra masanggrahan | abaris kubêng pondhoke | sigêgên tan winuwus | kawarnaa Ki Dipati |[12] Pasuruan arêmbag | lawan mantrinipun | anarka arsa nungkula | kang kinarya taladha[13] ingkang rumiyin | kawone wong bang wetan ||

35. Adipati Pasuruan angling | hèh sakwèhing wadya mantriningwang | ing mangkya apa êrèhe | wong Mataram wus rawuh | arsa ngrusak

--- 488 ---

ing sira iki | nanging ing tarkaningwang | yèn kita amêthuk | tur môngsa kita mênanga | dadya kita akarya rusak wong cili | angur kita nungkula ||

36. wontên bupatinira sawiji | pêpalajêngan sing Balambangan | Ki Kanitèn kêkasihe | alon dènnya umatur | apan ulun botên umiring | yyan paduka nungkula | apan ulun purun | amêsaha wong Mataram | myang kang aran prajurit pun Senapati | yèn abênên karosan ||

37. sapakartine ulun pan wani | myang angadu sapucuking braja | miwah ing katêguhane | lawan akantar bau | silih ukih sampun kawatir | tingalana kawula | sampun wontên tumut | dèn surakana kewala | sakathahe wadya Pasêdhahan benjing | ulun ingkang mangguta ||

38. ring salaminya ulun aurip | dèrèng ulun wruh raosing sêga | mung ulun bukti kunire | manawi tan kadyèngsun | Senapati datan kacangking | mastakane deningwang | datan ulap ulun | apan sampun ulun sêdya | salamine Senapati ing Matawis | ing mangke kaparêngan ||

39. Adipati Pasuruan angling | yèn mangkana ing mangke karsèngwang | ulun asrah kita mangke | sakèhe wadyèng ulun | Pasuruan karsanirèki | kita anguyunana | ngong tan milu-milu | Ki Kanitèn [Kani...]

--- 489 ---

[...tèn] gya pranata | ri suku sang dèn pracayèng nèng jro puri | kita ngeca-ecaa ||

40. Adipati Kanitèn sigra ngling | asowarèng wadya Pasuruan | padha siyagaa kabèh | tongtonên ring prang ulun | lawan Senapati Matawis | kita padha jurunga | surak wuri ulun | ri sampunira siyaga | sigra bubar ing marga datan winarni | kocapa wong Mataram ||

41. Senapati sineba ing mantri | para kadang pêpêkan sadaya | Môndraka tansèng ngarsane | Senapati gya muwus | hèh paman Môndaraka mangkin | lawan sêmitraningwang | ayya na kang milu | amung wadya tinataa | saha sanjata lawan têngêran mami | lah padha titihana ||

42. wruhanya paman ring mungsuh iki | lêwih awrat yèn kita nônggaa | tan kêna ingènthèngake | paman têrkaning ulun | yèn sisipa karya bilai | Môndraka alon mojar | matur sang sinuhun | ring mangkya kadya punapa | sakwèh rikang samitra kalawan mami | punapa tan binêkta ||

43. Senapati sigra dènira ngling | lah ta paman ing karsa manira | anamur mapag mungsuhe | kang wadya patang puluh | ulun bêkta dharata sami | waos cêmêng sadaya | kulambia wulung | muhung ring pamêkas ingwang | poma paman aywa bah dènnya abaris | yèn ngong dèrèng karuan ||

44. sigra mangkat Senapati

--- 490 ---

aglis | turaganya[14] sampun tinitihan | pun Camuris ta wastane | cêngmêng[15] ing ulêsipun | binusanan tinon tulya sri | Senapati rasukan | wulung udhêng wulung | arja paningsêt kalêkah | nyamping wulung yèn tinon wus angêntèni | prajurit tan sisihan ||

45. wus samêkta Kyai Senapati | sigra mangkat aris lampahira | wong kawan dasa rowange | apan sampun kapêthuk | Adipati Kanitèn kalih | Senapati Ngalaga | Kanitèn gya muwus | lah kita iki wong apa | angadhangi marang gèn ulun lumaris | lah êndi Senapatya ||

46. Ki Senapati sigra dènnya ngling | ika sapa kang anèng ing wutat |[16] anitihi ing wadyane | ya ika gustiningsun | Senapati Rajèng Matawis | ulun iki lêlurah | numbak cêmêngipun | kèhing wadya kawan dasa | ulun angrèh laku ngong kinon ajurit | amungsuha ing sira ||

47. Adipati Kanitèn sigra ngling | sarya suka anglênggak alatah | kita iki pêksangêne | kita dahat kumingsun | sanggup wani mungsuh ing kami | apa kita tan mirsa | yèn ulun pinunjul | tanpa sama ulun yuda | Sênapati pantês musuh ulun jurit | hèh kita gya mirea ||

48. Senapati agya anauri | nora galêm ulun [ulu...]

--- 491 ---

[...n] suminggaha | pan ulun iki kinèngkèn | kinon amagut mungsuh | lamun ulun durung ngêmasi | ulun dahat tan arsa | kita akèn wangsul | kêdah laju ingadhangan | Adipati Kanitèn lingnya nudingi | kita iki abeka ||

49. lumuh kita kinarya ing bêcik | baya kita bosên nêdha sêga | kita wani ngulun mangke | ulun pithês ko lampus | Senapati alon dènnya ngling | nadyan si mangkanaa | tan gumingsir ulun | sangking bot jalma ngawula | nadyan silih tumêka ing lara pati | ulun taman gumiwang ||

50. Kya Dipati Kanitèn sigra ngling | baya kita iki dahat arsa | wruh digdayèngsun yêktine | lah numbaka ngong mungkur | pilihana dhadha myang gigir | manawa ulun kurang | pracayèng sirèku | Senapati aris mojar | iku sukaning ulun tandhing ajurit | aywa na ngucirèng prang ||

51. gya samya ngêtab turôngga kalih | sigra têmpuh ulung-ingulungan | ing watang ukèh-ingukèh | surak atri gumuruh | asauran wadyèng Matawis | lawan wong Pasuruan | myang gong munya umyung | ya ta larih-linarahan |[17] kang prajurit tan ana kasoran tandhing | samya prawiranira ||

52. Adipati Kanitèn nglarihi | mring Senapati nanging tan pasah | dahat tan menggung lungguhe | tinitir-titir asru | Senapati tan kêna [kê...]

--- 492 ---

[...na] kokih | cape asta amatang | têlas sarèhipun | adangu watang-winatang | kang prajurit samya sayahira kalih | samya datan tumama ||

53. anglir ampuhan surak wadya lit | sarya êgong munya tri gumêrah | tanpa parungwan wadya kwèh | barung têtêg lir butul | kadya ombak robing jaladri | Kanitèn arsa numbak | turôngga sang prabu | mila arsa linarihan | pinrih tiba arsa nulya dèn kakahi | turôngga gya tinumbak ||

54. kawarnaa wau kang ing wuri | Adipati Môndraraka[18] ika | wus adangu panusule | mring Senapati iku | wus rumêksa munggwing ing wuri | mila tilar ing wadya | sumêlang tyasipun | yèn têbih ari sutanya | Senapatya marmanya nusul pribadi | Dipati Môndaraka ||

55. pêpathak kang tinumbak ngênani | turangganira Ki Senapatya | ambandhang lumaywa ngilèn | Kanitèn lingnya asru | aywa kita lumaywa ugi | lah ti[19] kita wangsula | payo padha tangguh | Senapati sigra mojar | apan kita ngucira dera ajurit | kaya dudu prawira ||

56. dening turôngga kita larihi | tuhu kita dudu prang prawira | Senapati wangsul age | Môndraka ngampah kayun | alah mêngko jêbèng dèn ririh | aywa kirang prayatna [praya...]

--- 493 ---

[...tna] | mungsuhira têguh | lah têdhanên mring Hyang Suksma | Senapati sigra nulya anungkêmi | salat bêkti maring Hyang ||

57. sangêt pamêsu sajroning galih | pan mangkana ing panêdhanira | mugi gampanga kawone | Senapati anêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Ngamurwèng Pandulu | sampun padhang tingalira | Senapati sêmana anulya tangi | waosira tinatap ||

58. hèh Palèrèd sun jaluk sirèki | gawenira sapisan kewala | wong ika prihên lumpuhe | tan kawarna ing ênu | surakira awanti-wanti | Senapati gya mangsah | sarwi ngêmbat lawung | Dipati Kanitèn mojar | boya kita pantèn wani bali maning | môngsa sira mênanga ||

59. Senapati sigra anglarihi | ing gandhune kang kêni tinumbak | runtuh Dipati Kanitèn | pan cape sukunipun | datan kêni atangi malih | lêsu sarira lupa | ilang bayunipun | Senapati lingnya mojar | hèh Kanitèn apa karsanira mangkin | sumaur kang tinanyan ||

60. apan ulun tan adarbe kapti | angganingwang upama bêbathang | pan sakarsanira angrèh | yèn kêna ulun jaluk | patènana ta ulun iki | Senapati gya mojar | ingsun ora ayun | amatènana ring kita | Senapati tumulya [tu...]

--- 494 ---

[...mulya] amundhut aglis | turôngga èstri pincang ||

61. turôngga katur ring Senapati | lêlagaran kuda wadon pincang | apan pangon kandhaline | Senapati gya muwus | hèh Kanitèn muliha aglis | marang ing Pasuruan | waraha gustimu | yèn kita iku wus kalah | Ki Kanitèn nauri ulun puniki | apan sakarsanira ||

62. wus tinunggangakên kuda aglis | lampahira kinèn ngiringêna | wadya patang puluh kèhe | wong wetan kang lumayu | pan angungsi jro kitha sami | Kanitèn sampun prapta | anèng alun-alun | anulya sira tumama | ing ngarsane ki dipati aningali | mèsêm maras ing nala ||

63. Adipati Pasuruan angling | hèh Kanitèn apa olèh karya | dene kita lêsu bae | apa kita wus têmu | lawan Senapati Matawis | Ki Kanitèn wotsêkar | ulun wus kapangguh | lan Senapati Ngalaga | dèn adhangi ing lurahipun sawiji | waos cêmêng punika ||

64. dening sanggupipun angmêkasi |[20] mila kula lawani ayuda | dadya atêmah mangkene | ki dipati amuwus | wruhanira ingkang ngadhangi | marma wani mring sira | Senapati iku | Ki Kanitèn aturira | uningaa yèn punika Senapati | môngsa ulun [ulu...]

--- 495 ---

[...n] mundura ||

65. sukua dhadha ulun lampahi | têkêna janggut datan suminggah | wêruha Senapatine | matia aprang pupuh | datan sêdya ulun gumingsir | ki dipati gya mojar | pan kita kumingsun | mêngko si lamun doyaa | môngsa kita nêmahana kaya iki | aran kita wus kalah ||

66. Adipati Pasuruan angling | mring wong Kalang lah kita kêthoka | Si Kanitèn dipun age | sigra nulya winadung | gulunira Kanitèn aglis | nanging ta nora pasah | wadungnya gya putung | anulya sinokan timah | cangkêmipun Ki Ki Kanitèn sampun mati |[21] ki dipati ngandika ||

67. lah gawanên Si Kanitèn aglis | sira aturna mring Senapatya | saha bêktaa sêgahe | myang turna bêkti ulun | salamanya ulun puniki | tan narka anglawana | marang sang aprabu | Kanitèn tan wanya nglawan | pan ing mangke apan wus ulun patèni | katura ing paduka ||

68. sigra kang kinon nulya lumaris | jisimira Kanitèn binêkta | agya prapta ing lampahe | ing ngarsane sang prabu | kang dinuta sigra wotsari | manêmbah ri suku sang | tumulya umatur | ulun duta rayi tuwan | pasêdhahan katura kang salam bêkti | myang tadhahan katura ||

69. lan jisimipun Kanitèn nênggih | ring mangkya katura jêng paduka | apan punika purwane |

--- 496 ---

pan rayi sang aprabu | datan nêdya mungsuh sang aji | nagari Pasêdhahan | katura sang prabu | myang rajabrana sadaya | rayi tuwan tan rumaos darbèni |[22] katura ing paduka ||

70. Senapati sigra angling aris | iya tarima ingkang pracaya | yayi Pasuruan mangke | matura ing gustimu | lamun ingsun mangkyarsa mulih | de wadyèng Pasuruan | mênênga karuhun | apa sakarsèng wong wetan | dèn turuta aja sawalèng ing kapti | sakarsa lakonana ||

71. wus tinundhung duta mêsat aglis | sampun prapta nagri Pasuruan | wus katur sawêwêlinge | sigêgên tan winuwus | kawarnaa Ki Senapati | akèn nêmbang têngara | arsa bubar mantuk | bêndhe tinitir angangkang | sigra bodhol wadyabala ing Matawis | tan kawarna ing marga ||

72. sampun rawuh kitha ing Matawis | Panêmbahan tumamèng byantara | para graha mêthuk kabèh | putri sangking Madiun | gya kinanthi ing para rabi | ucapên wadyanira | pan wus sami mantuk | ing wismanya sowang-sowang | rabinira prasamya mapag ing laki | ingkang sangking kasmaran ||

46. Asmarandana

1. Punika babade nguni | kaya winisayèng buta | janma sinigêg sang katong | kocapa ing Surabaya | dadi pangusèn ika | wong Panaraga Madiun | kabèh [ka...]

--- 497 ---

[...bèh] anèng Surabaya ||

2. pirang warsa lamanèki | prang ing Kalidhadhung ika | mangkana winuwus malèh | nênggih Ki Mas Lonthang ika | sutanya Panêmbahan | ing Madiun pan pinupu | mantu Pangran Surabaya ||

3. ênêngakêna rumiyin | kocapa Kadhiri ika | namane kang madêg katong | rumiyin Pangeran Êmas | lami-lami pan seda | Pangran Mas sedanipun |[23] katur Pangran Surabaya ||

4. dadya nagri kidul nênggih | samya ingisèn punggawa | mring Pangran Surabayane | ingkang ananduri ika | ing Kadhiri samana | kang jumnêng ratu jalu |[24] inggih sangking Surabaya ||

5. miwah Ki Mas Lonthang malih | kang saking Madiun ika | ingkang pinipil matune |[25] mring Pangeran Surabaya | pan pinarnah punika | anèng ing Japan alungguh | jumênêng Dipati Japan ||

6. dening ing Wirasabèki | wus tinanêman punggawa | Ki Rôngga Pramana rane | kang jumênêng Wirasaba | miwah ing Pasêdhahan | ingisèn punggawa sampun | Adipati Kapulungan ||

7. iku caritane uni | kang anjamah padha lanang | ri sampun kinôndha kabèh | karta jamane samana | ênêngakêna ika | wontên gantia winuwus | ing Kadhiri kang kocapa ||

8. kang aran Ki Senapati | ing Kadhiri kang winarna | agunêm lawan arine | kang aran Ki Saradipa | arine malih ika |

--- 498 ---

aran Ki Ênthol Jêjanggu | myang ari wuragil ika ||

9. Kartimasa kang wêwangi | Senapati aris mojar | hèh Saradipa riningong | mêngko paran daya kita | dening nagri Mataram | mangkya iki saya ngrêgu | iya yayi wruhanira ||

10. apan jaman iki mangkin | yayi kadya pa ing kita | ing mangkya mingêra ngulon | yèn ingong rasa ing nala | bang wetan iki uga | saya apês jamanipun | lan malih ujar wirayat ||

11. ring mangkya saya pinanggih | ing Mataram iki uga | tan siwah lan wirayate | yèn kita sambadèng karsa | yayi panêdyaningwang | ngawulèng Mataram ingsun | yèn kita kabèh sêmbada ||

12. ngong tilar prajèng Kadhiri | kalamon ora mangkana | tarkaningong nora wande | benjing barising Mataram | nglurug mring kene benjang | Ki Saradipa lingipun | inggih punapa ing karsa ||

13. ulun dhumatêng umiring | kakang ing sakarsa kita | Senapati sigra linge | hèh Ki Nayakarti kita | ngong duta mring Mataram | aturêna surat ingsun | mring Senapati Ngalaga ||

14. kang madêg Natèng Matawis | poma iki surat ingwang | nulya katura dèn age | Nayakarti atur sêmbah | sampun atampi srêrat |[26] sigra mêsat lumastantun | ingiring wadya sadaya ||

15. kêbat lampahirèng margi | Nayakarti

--- 499 ---

tan kocapa | kawarnaa sang akatong | Senapati ing Mataram | dawêgira sineba | ing wadya mantri tumênggung | miwah kang para santana ||

16. Adipati Mangkubumi | myang Dipati Singasêkar | dene kang munggèng ngarsane | Sang Nata Kya Môndaraka | Sang Prabu ing Mataram | sêsanga atmajanipun | samya anangkil sadaya ||

17. putra èstri tan winarni | atmaja jalu sêsanga | kang wus jinunjung lungguhe | ingkang pêpitu punika | apan sinama-sama | kang kêkalih taksih timur | mila dèrèng kalênggahan ||

18. Mas Tambaga kang kêkasih | ingkang waruju punika | Mas Kadhawung jêjuluke | pêpitu wau punika | putra kang sampun lênggah | Kenthol Kajuron kang sêpuh | Dipati Pugêr kang nama ||

19. Ki Mas Damar kang kêkasih | Adipati Purobaya | wontên dene Ki Mas Gathot | Ki Arya Wiramênggala | bêbanthènge Mataram | Mas Jolang jêjulukipun | Adipati Anom ika ||

20. ginadhang gumantya aji | umadêg Rajèng Mataram | lan malih Ki Mas Bathothot | Adipati Jayaraga | miwah Mas Bagus ika | anênggih jêjulukipun | Adipati ing Juminah ||

21. wontên dene Ki Mas Julig | ran Dipati Pringgalaya | Pangran Juminah kandhane | apan kaprênah kang raka | ing pangeran dipatya | kang sadhèrèk èstri iku |

--- 500 ---

pan sampun sami akrama ||

22. nama Dêmang Tanpanangkil | lan Dipati Têpasana | dene kang asêpuh dhewe | nênggih jangkêpa sadasa | kang nama Radèn Rôngga | kang sêkti kalangkung-langkung | nanging punika wus seda ||

23. sigêgên ingkang winarni | Nayakarti pan wus prapta | nagri Mataram lampahe | sampun katur ing narendra | duta Kadhiri prapta | arsa umarêk sang prabu | dutanira Senapatya ||

24. gya ingandikan wus prapti | ing ngarsane sang narendra | Nayakarti awotsinom | panêmbahan sigra mojar | hèh duta kita sapa | ngaranira kita rawuh | lan dinuta paran kita ||

25. iya maring Senapati | Nayakarti aturira | pun Nayakarti ran ingong | dinuta ngabdi paduka | pun Senapati ika | ngaturakên suratipun | punika konjuk paduka ||

26. sampun tinampan kang tulis | winaca sinuksmèng nala | bêbukaning srat ungêle | srêrat kawula Sang Nata | saha bêkti kawula | konjuka sang sinuhun |[27] kang pinundhi ing Mataram ||

27. kang sinung sih nugrahaning | Ngalahu ingkang pinujya | kaping kalih safangate | Jêng Nabi Duta Mukhamad | sarya barkat sakhabat | sakawan ingkang rumuhun | Abubakar Ngumar Ngusman ||

28. kang sakawanipun Ngali |

--- 501 ---

raliyalahungan huma |[28] kalayan sawab barkate | sakyèh pra wali pandhita | kang sinare ing Jawa | pinaosna yusyanipun | ri sampun kadya punika ||

29. awiyos kawula gusti | ngunjukakên pêjah gêsang | dhatêng paduka sang katong | arsa angabdi kawula | ing pada sri narendra | dadosa pakathikipun | ing kuda paduka nata ||

30. punika mênawi sudi | Panêmbahan amupua | angabdèkakên ing bodho | ing pêjah gêsang kawula | konjuka ing sang nata | sakarsa ngrèh ulun sokur | sangking la-êla kawula ||

31. sangking kêdah ulun iki | angabdi dhatêng paduka | dhumatênga turun ingong | ngabdèkêna turun tuwan | punika sêtya omba | dhumatêng ing sang aprabu | dunya rawuha ngakherat ||

32. Tuwan Panêmbahan mami | dahat tyas tan sêla-sêla | sapunika atur ingong | saèsthi praya kawula | kawrat ing dalêm sêrat | ya ta mèsêm jroning kalbu | Senapati ing Ngalaga ||

33. mirsa turing Senapati | kang kawrat ing dalêm sêrat | kalangkung suka jro tyase | Senapati sigra mojar | Nayakarti matura | mring Senapati nak ingsun | yèn gêdhe tarimaningwang ||

34. pracayane maring mami | sakêthi jumurung ingwang | donganingsun ing Hyang Manon | mugi ta tinêtêpêna | imane anak ingwang | ênggènnya arsa angaku | bapa maring jênêng ingwang ||

35. nanging ingsun [ing...]

--- 502 ---

[...sun] sêmayani | yèn anak ingong têkaa | benjing wulan Mukharame | iku ingsun aputusan | mêthuk ing anak ingwang | têka dandana nak ingsun | aywa sumêlang ing nala ||

36. apan sampun pinisalin | Nayakarti sabusana | kampuh dhuwung rasukane | calana kalawan arta | Panêmbahan ngandika | hèh Nayakarti sirèku | lah age kita muliha ||

37. saha surat ulun iki | sungêna ring sutaningwang | aywa tinampèn sêrate | mring Nayakarti saksana | manêmbah agya mêsat | datan kawarna ing ênu | nagara Kadhiri prapta ||

38. wus cundhuk myang Senapati | saha sêmbah aturira | wus tinutur sapolahe | kang surat sampun tinampan | dhatêng Ki Senapatya | winaos sinuksmèng kalbu | mangkana ungêling surat ||

39. pèngêt surat ingong iki | jêbèng praptaa ing kita | Senapati Kadhirine | dhingin salam donganingwang | praptaa marang kita | kapindhone kita atur | surat dhatêng ulun ika ||

40. iya wus ngong tupiksani | sawiraos suratira | kalangkung tarimaningong | dening kita dahat karsa | dhatênga ing Mataram | angangkên yayah ing ulun | dahat suka ring tyas ingwang ||

41. lan jumurung donga mami | maring Hyang mugi ta sira | antuka ing safangate |

--- 503 ---

kajêng Nabi kang sinihan | pinanjangnya yusyanya | têtêpêna imanipun | dening jêbèng jangjiningwang ||

42. ing sasi Mukharam benjing | iya kita ingong papag | ing laku gêgaman gêdhe | iku nuli ambalika | kita lamon sayêktya | têlas srat saraosipun | ing driya kawrat ing surat ||

43. langkung nuhun Senapati | sarya anêkêm mastaka | pangraose ing manahe | lir kadya panggih priyôngga | lawan Jêng Panêmbahan | ênting suka ring tyasipun | ri sampuning lama-lama ||

44. kocapa Mataram malih | prapta ing ubayanira | ing sasi Mukharam mangke | Sri Narendra ing Mataram | akarsa amêthuka | mring Senapati puniku | nanging utusan kewala ||

45. sêmana wus mêpak baris | Panêmbahan senewaka | angandika ngatmajane | hèh Wiramênggala kita | mangkya kita ngong duta | kita angirida laku | amapaga Senapatya ||

46. kang ingsun karya sarati | kaki maring lakunira | Si Tumênggung Lap-alape | hèh Tumênggung Alap-alap | kita angêmbanana | iya maring sutèng ulun | dèn bisa nratèni kita ||

47. yèn ana duduning kardi | lah môngsa bodhoa kita | lan mantri pamajêgane | iku kabèh umiringa | maring ing sutaningwang | wong Kajoran aja kantun | lan wong Pajang Jagaraga ||

48. myang wong

--- 504 ---

Dêmak ayya kari | iku padha umiringa | ing lakune putraningong | nanging ring wêwêkas ingwang | lamun benjing èstua | Ki Senapati kapêthuk | nuli sira Alap-alap ||

49. mringa Ngrawa dalêm benjing | yèn wus Ngrawa dalêm kalah | boyongên jarahên kabèh | dèn aja na kari ika | têlas wêling narendra | anulya bubar tinundhung | wus atur sêmbah sadaya ||

50. wus bubar sing ngarsa aji | tan kawarna lampahira | praptèng Madiun sira ge | abaris ing lampahira | wau ingkang kocapa | kang anama Ratu Jalu | apan lagya sinewaka ||

51. wus ngaturan ing wadya lit | yèn wadya Mataram prapta | Ratu Jalu tumulya ge | wus anglampahakên duta | dhatêng ing Surabaya | lampahing duta sung wêruh | yèn wong Mataram wus prapta ||

52. arsa gêcak ing Kadhiri | myang ing Japan Wirasaba | Rawa Malang sampun saos | miwah ing Lumajang ika | lawan ing Kartasana | wong Mataram sampun rawuh | amondhok ing Kartasana ||

53. sakilèn kitha Kadhiri | mujur mangidul barisnya | malah-malah dhatêng kidul kulon- |[29] nipun Kadhiri punika | ing Pakuncèn wastanya | apan wadya ing Matarum | sêmana sami ngrêrayah ||

54. wong desa sami angungsi | ing kitha agêng punika | kang rupa kêbo sapine | apan sami cinêkêlan | kathah ngili wong desa | sineba [sine...]

--- 505 ---

[...ba] Sang Ratu Jalu | sampun amêpêk gêgaman ||

55. wus samêkta ing ajurit | sakyèh para mantrinira | wus pêpêk nèng pasowane | amung Kyai Senapatya | kang datan ana prapta | lagya sakit awadipun | apracaya ngarinira ||

56. wasta Saradipa nênggih | arinira Senapatya | kang saos karsa sang katong | Saradipa anèng ngarsa- | nira sri naranata | ajajar lan mantri agung | Ratu Jalu angandika ||

57. êndi ta kakangirèki | dene tan ana aseba | Saradipa lon ature | dawêk asakit pun kakang | Senapati punika | kawula ingkang tinuduh | asaos ing karsa nata ||

58. Ratu Jalu sigra angling | yèn kakangira alara | yakti kita sêsilihe | ingkang angirida lampah | mapaka ing prangira | wong Mataram ingkang rawuh | lah agya kita bubara ||

59. angirida wong Kadhiri | lamon sira angantia | sêsuruhannya sakèhe | praptane wong Surabaya | apan iya wus lawas | têmah sira dhewe lêbur | lah payo kita mangkata ||

60. ingkang kinon awotsari | têngara gêgaman bubar | lwir hyang hyang tulis yyan tinon | nagara lèr dèrèng prapta | mung Sarêngat Balitar | Malang Rawa ingkang rawuh | ingkang abantu punika ||

61. dêdamêl sampun lumaris | wadya Mataram katingal | nulya yun-ayunan age | Saradipa têtindhihnya | anawang [ana...]

--- 506 ---

[...wang] anèng ngarsa | wong Mataram apan wêruh | wong Kadhiri lagi prapta ||

62. sampun wêwangsitan sami | wau wadya ing Mataram | dyan campuh ing yuda age | sigra wong Kadhiri samya | bêdhili dhingin ika | Saradipa sampun wêruh | yèn dêdamêling Mataram ||

63. bêdhil ngarêpkên mangigil |[30] wong Mataram apan tunggal | tan nganggya mimis bêdhile | nanging wau kèri kanan | prang nêmêni aramya | surak-sinurak gumuruh | swarane ambal-ambalan ||

64. tan ana ingkang kalindhih | prangira kongsi sadina | kasaput wêngi pêrange | kocapa kang anèng wisma | Senapati pan samya | gunêm lan kadang wragèku |[31] miwah lawan arinira ||

65. Kartimasa kang kêkasih | lawan Ki Jêjagu ika | Saradipa panggulune | kang nindhihi barisira | Senapati lingira | dhatêng arinira wau | kalih katiga mantunya ||

66. priyayi ing Giri nênggih | Mas Balimbing wastanira | Ki Senapati mantune | lah payo sira dandana | sawêngi mêngko ingwang | alolos panêdyaningsun | lah manawa karainan ||

67. ngalumpuka kabèh sami | iya sakèh rayat ingwang | Kenthol Jêjagu ature | kados punapa ing karsa | pan pun kakang Saradipa |[32] punika taksih amagut | taksih wontên ing paprangan ||

68. mênawi botên udani |

--- 507 ---

Senapati sigra mojar | kita iki pindho gawe | adhi ing wicara kita | ulun uga wus rêmbag | kalawan kakangirèku | balikan rayate uga ||

69. gawanên aywa na kari | lah kita kalumpukêna | ayya na kantun sawiyos | ri sampunira mangkana | sarayatnya Sradipa | wus prapta samya akumpul | jalu èstri wus adandan ||

70. ingkang binakta anênggih | mung satus sanake lanang | ika santanane kabèh | wus samya angatya-atya | nulya dan sira bubar | wau sangking wismanipun | kesahe Ki Senapatya ||

71. apan kesahe ing wêngi | kang èstri samya kikinêpang |[33] munggèng ing têngah lampahe | wau ta Ki Saradipa | wus tinêmbuh[34] ing lampah | nanging wus sinungan wêruh | yèn kang raka sampun mêdal ||

72. Saradipa tumulya glis | wus dandan sakadangira | wus jinawil kadang kabèh | wontên ta wong kawan dasa | iku sami santana | sigra bubar tan asantun | saking pasanggrahanira ||

73. samana sampun apanggih | lan kang raka Senapatya | sampun anunggal lampahe | Saradipa lan kang raka | Senapati punika | kawarnaa enjingipun | barisira wong tang wetan ||

74. pan sampun samya ntuk warti | yèn Ki Saradipa kesah | kala ing dalu kesahe | anunggal mring Senapatya | pan tunggal karsanira |

--- 508 ---

arsa balik mring Matarum | sampun ngaturi uninga ||

75. mring Ratu Jalu mangkin |[35] Sang Ratu Jalu lingira | lah padha susulên age | tumpêsên lamun kacandhak | aywa na kari ika | sigra bubar kang ingutus | barising wadya sumahab ||

76. saha têngara anitir | lampahing bala kumêrab | kang anututi lampahe | Senapati katututan | kacandhak ing Karakal | dyan campuh sigra ingamuk | aramya tumbak-tinumbak ||

77. mantunya Ki Senapati | Mas Balimbing aranira | sigra umangsah ngrana ge | kinarubut ing ngakathah | prajurit myang punggawa | akathah punggawa tatu | sawênèh akatah pêjah ||

78. tandangira Mas Balimbing | apan kêkathahên lawan | Mas Balimbing pan kataton | jajanira pan kabranan | Senapati uninga | yèn kabranan ingkang mantu | sigra angantag[36] santana ||

79. kathahing santana nênggih | amung satus kawan dasa | ingatag sigra tandange | angamuk mring wong bang wetan | singa tinêmpuh bubar | sing kaamuk apan lêbur | wong bang wetan apuyêngan ||

80. kadya gabah dèn itêri |[37] Senapati wus putusan | mring Dyan Wiramênggalane | wus katur sawêkasira | sigra nulya angatag | rahadyan mring wong Matarum | sadaya kinèn mêthuka ||

81. dhumatêng ing Senapati | sigra lampahira [lampah...]

--- 509 ---

[...ira] agya | sakathahe prajurite | lampahe asêsandêran | gya prapta gonnya yuda | wong Mataram sigra ngamuk | wong bang wetan akwèh pêjah ||

82. ya ta kagegeran sami | wong wetan lumayu agya | larut ngungsi jro kuthane | lawang kitha tinêtêgan | wau Ki Senapatya | apan ta sampun acundhuk | lan Radèn Wiramênggala ||

83. wus sami Sêlaman sami | myang sanakira têtiga | samya atur salam kabèh | Radèn Arya angandika | lah kakang Senapatya | inggih salam donganipun | ramandika Panêmbahan ||

84. dhawuha ing dika mangkin | Senapati aturira | sakalangkung panuwune | sarya anêkêm kang sirah | Pangran Wiramênggala | angling kakang dawêk laju | pinarak ing pasanggrahan ||

85. wus prapta sarêng alinggih | Pangran Arya angandika | paman Alap-alap age | ing ngriki dika linggiha | dika banjura lunga | mring nagri ing Rawa iku | kita gawaa bupatya ||

86. lah paman dèn ngati-ati | bupati papat miyanga | kita dadi pangiride | Ki Tumênggung Alap-alap | matur dhatêng Pangeran | atur kawula pukulun | kados punapa ing karsa ||

87. mênggah nagara Kadhiri | punapa tan binêdhaha | ya ta pangeran wuwuse | pan ingsun ora winêkas | badhah[38] Kadhiri ika | kajêng rama kang pituduh | mung Rawa dalêm kewala ||

88. ingkang kinèn amboyongi [a...]

--- 510 ---

[...mboyongi] | sira ingkang lumakua | bupati papat dèn age | iku ta sira irida | lah wis agya mangkata | pan akarsa bubar ingsun | mulih maring ing Mataram ||

89. ingsun ngiringakên mangkin | maring kakang Senapatya | iku rama wêwêkase | kakang kinèn rumuhuna | tumanduk ing Mataram | rama sangêt ngayun-ayun | Senapati aturira ||

90. punika lamon sawawi | nagri Kadhiri ginêcak | apan langkung suka ingong | lamon ingabêna aprang | pangran aris ngandika | apan dede karsanipun | rama kita Panêmbahan ||

91. Alap-alap tumulya glis | wus bubar sagêgamannya | bupati papat rowange | Rawa dalêm linurugan | kandhaga lante papat | saha gêgaman kumuntug | umiring Ki Alap-alap ||

92. Alap-alap wus lumaris | kawarnaa Pangran Arya | Wiramênggala dêlinge | akèn têngara abubar | mulih dhatêng Mataram | sigra atêngara sampun | gêgaman lir wardu gôngga ||

93. Senapati kinèn dhingin | Pangran Arya munggèng têngah | kang para prawira kabèh | ingkang lumakwa ing wuntat | samya anitih kuda | sadaya prayatnèng kewuh | apan êlêt saonjotan ||

94. têbihe dènnya lumaris | lan gêgaman agêng ika | mangkana ing prayitnane | manawa na nututana | ywa kagèt baris ngarsa | datan kawarna

--- 511 ---

ing ênu | lampah prapta Jagaraga ||

95. sigra arêrêb tumuli | anèng nagri Jagaraga | rêrêp ing lampah angantos | ing lampahira Lap-alap | pan sampun putusan |[39] atur uninga sang prabu | yèn Senapati kabêkta ||

96. kèndêl wontên Saosragi | kocapa Ki Alap-alap | ing Rawa dalêm wus kawon | wus kinarikid binoyongan |[40] myang sampun jinarahan | Ki Alap-alap gya mundur | gêgaman kabèh wus bubar ||

97. boyongan lumakwèng ngarsi | ngiringkên wadyèng Mataram | prajurit wiking[41] lakune | samana pan binabadan | pandhita ngalih nata | bumi tan kawarnèng ênu | wus prapta ing Jagaraga ||

98. bêboyongan katur aglis | dhumatêng Pangeran Arya | Pangran langkung suka tyase | saksana anulya bubar | Pangran Wiramênggala | boyongan kinèn rumuhun | warnanên kang tur uninga ||

99. sampun marêk ing nêrpati | matur pukulun kawula | dinuta ing putra katong | wiyos ngaturi uninga | dhatêng paduka nata | putra tuwan lampahipun | Ngrawa dalêm sampun bêdhah ||

100. têtiyange kinarikid | muwah ta pun Senapatya | Kadhiri punika anggèr | inggih ing mangkin kabêkta | sarta sanak putunya | ing mangke wontên ing ênu | angantos timbalan tuwan ||

101. sang nata suka sigra ngling | dhatêng wong

--- 512 ---

sarati ika | lah palanana age |[42] gajah ingsun paèsana | poma dèn bêcik sira | Panêmbahan sigra mundhut | busana kang asri endah ||

102. kang awarna kampuh adi | mubyar calana rêrendan | sarta lawan paningsête | amundhut kawan gagragan | myang pangangge wanodya | pan satunggil sêliripun | kinèn mêthuk Senapatya ||

103. wong tigang atus angiring | tan antara sigra bubar | gajah ing ngarsa lampahe | datan kawarna ing marga | sampun panggih saksana | Senapati rabinipun | pinisalin busanendah ||

104. myang sira Ki Senapati | wus pinisalin busana | kang amêthuk sigra linge | kang timbalan rama kita | kita kinèn lajua | sakalangkung ngayun-ayun | sang nata ngantos ing jaba ||

105. anulya sigra lumaris | datan kawarna ing marga | praptèng nagara lampahe | Pangran Arya sigra seba | mèpèkkên Senapatya | anèng ing waringin kurung | lan sanakipun sadaya ||

106. andhèr anèng sor waringin | sampun sira tinimbalan | lumaju ing ngarsa katong | prapta cumundhuk anêmbah | saha pra sanakira | sang nata ngawe lingnya rum | Senapati marenea ||

107. angujungana ing mami | Sênapati sigra nêmbah | dhuwung sinèlèh wurine | majêng lumampah mangrêpa | praptèng ngarsa manêmbah [ma...]

--- 513 ---

[...nêmbah] | gya sumungkêm pada prabu | ngusap lêbu dalamakan ||

108. ri sêdhêng nungkêmi sikil | Senapati pan ingusap | ngusap gigiring sang katong | Panêmbahan sarya mojar | lah êndi sanakira | ring nguni kang dira[43] tutur | kang aran Ki Saradipa ||

109. lumungsur dènnya nungkêmi | Senapati matur nêmbah | punika abdi sang katong | inggih kang wontên ing wuntat | wasta pun Saradipa | kalih pun adhi Jêjagu | lan malihipun punika ||

110. abdi dalêm kang kêkalih | wontên wingkinge pangeran | gya sami ngandikan age | Panêmbahan sigra mojar | lah padha ngujungana | sira maring jênêng ingsun | saksana sarêng tur sêmbah ||

111. wus asèlèh dhuwung sami | lumakwa akêkesodan | gya sumungkêm pada katong | sirah samya ngêmak-êmak | dera sri naranata | wus mundur saha wotsantun | Senapati ngartikèng tyas ||

112. tan kawasa amangsuli | mring ingkang sih sri narendra | kang dhawuh ing awak ingong | apa ta ngong walêsêna | Sradipa Kartimasa | miwah sira Ki Jêjagu | samya mangkana ciptanya ||

113. tan kawasa darbe urip | Senapati atur sêmbah | jasat kawula sang katong | katura dhatêng sang nata | gêtih daging punika | bêbalung sungsum myang rambut | katura Jêng Panêmbahan ||

114. myang pêjah gêsang puniki | inggih katura

--- 514 ---

sang nata | myang kang abdi têtigane | katura dhatêng narendra | kawula tan anyana | yèn agadhaha sadulur | sayêkti abdi narendra ||

115. tan kumêdhap ing tyas mami | amung tuwan gustiningwang | yèn darbea cipta lyane | nyipta gusti kadi tuwan | mugi jasat kawula | sampun amanggih rahayu | lawan sampun dados janma ||

116. Panêmbahan ngandika ris | iya lintang trimaningwang | subêkti sêtyanya mring ngong | lah uwis Ki Senapatya | kita padha mundura | ngasoa lampah karuhun | lah sira Wiramênggala ||

117. kang amrênahêna mangkin | kakangira Senapatya | ing sapomah-pomahane | dèn abêcik prênahira | uwis padha mundura | saksana luwaran sampun | sang nata mantuk ing pura ||

118. samana Ki Senapati | sampun pinarnahkên ika | lêwih bêcik pomahane | wus samya andunung sira | miwah para santana | sigra wong Mataram sampun | ingundhangan samya sêgah ||

119. sarta sami kinèn kardi | dalêmira Senapatya | kawatara antarane | satêngah sasi wus dadya | dalême Senapatya | miwah dalême rinipun | Ki Jêjagu Saradipa ||

120. myang Ki Kartimasa mangkin | dalêmipun sampun dadya | ri sampuning dados kabèh | Senapati dalêmira | wus sami inganggenan |

--- 515 ---

dalêm dhewe-dhewe sampun | mangkana wau kocapa ||

121. anênggih Ki Senapati | sampun pinaringan desa | cacahe wau desane | sèwu gangsal atus ika | Saradipa sinungan | desa dhomas cacahipun | rayi kalih wus sinungan ||

122. tiyang ênêm atus nênggih | wus sami eca kang manah | angraos dados wawrate | anèng nagri ing Mataram | miwah satiyangira | myang Senapati wongipun | kang sangking Kadhiri ika ||

123. apan karya wisma sami | wong sangking Kadhiri ika | malah salir dandanane | kang rupa dandanan wisma | datan mawi atumbas | pan wus sami dadi wau | sakathahe wismanira ||

124. pan sampun sawulan mangkin | pambalike Senapatya | angawula ing sang katong | Panêmbahan ing Mataram | wau kang kawarnaa | Panêmbahan enjingipun | miyos sinewakèng wadya ||

125. pêpêk sakulawargèki | miwah kang para santana | para putra pêpêk kabèh | myang para mantri punggawa | wus anangkil sadaya | munggwing ngarsane sang prabu | muwah ta Ki Senapatya ||

126. ing Kadhiri samya nangkil | myang ari katiga samya | umiring dhatêng kakange | rajèng Mataram ngandika | lah sakyèh wong Mataram | iya ta wruhanirèku | yèn Si Jêbèng Senapatya ||

127. ing mangkya ngong angkên siwi | ngong ambil atmaja tuwa | ngong

--- 516 ---

angkah pambajêng ingong | sakèh putra putraningwang | samya kita ngakanga | myang sakyèh santananingsun | ngèstokna sawêling ingwang ||

128. Panêmbahan ngandika ris | hèh sutèngsun Senapatya | mangkya ngong pundhut arine | kang aran Ki Saradipa | iku apan ngong angkah | iya sutèng ulun tuhu | Senapati saha sêmbah ||

129. ature dhatêng sang aji | kawula datan lênggana | sumôngga ing karsa katong | apan tan ngraos kawula | yèn adarbea kadang | apan abdi sang aprabu | sanadyan pun Senapatya ||

130. tan rumaos gadhah osik | myang pêjah gêsang kawula | kawêngku dhatêng Sang Katong | apan ing têdhak tumêdhak | ing pangabdi kawula | dhumatêng tuwan sang prabu | Panêmbahan angandika ||

131. lah iya Ki Senapati | agêdhe tarimaningwang | ing prasêtyanira mring ngong | amung ta pangèstuningwang | gêdhe jêbèng mring sira | Senapati malih matur | inggih pukulun kawula ||

132. tan anyipta gusti malih | badan sakojur punika | apan kunjuk ing sang katong | nadyan nyawa patik nata | pundhutên tan lênggana | mung tuwan gusti satuhu | ing awal akhir punika ||

133. Panêmbahan ngandika ris | mring sira Ki Senapatya | myang saprakaranya manèh | hèh Ki Senapati ingwang | iya wêruhanira [wêruh...]

--- 517 ---

[...anira] | durung duwe kutha ingsun | lah ngong karyakêna kutha ||

134. Senapati awotsari | pukulun atur kawula | yèn sambada karsa katong | sakathah wêdyèng Mataram | kinèn samya karyaa | banon sela pêthak wau | karyaa dipun akathah ||

135. nuntên dikakêna sami | sakathah wêdyèng Mataram | anyithaka banon malèh | banon abrit kinaryaa | inggih kintên dadosa | kitha bacingah kang agung | nata suka artatinya ||

Catatan kaki:

1. Kurang satu suku kata: lah ta iki kêris dèn bêcik (kembali)
Kurang satu suku kata: lah ta iki kêris dèn bêcik
2. sira (kembali)
sira
3. pistule (kembali)
pistule
4. Kurang dua suku kata: Senapati ampungan (kembali)
Kurang dua suku kata: Senapati ampungan
5. nêdha (kembali)
nêdha
6. Kurang satu suku kata: angrêrêpa pan sangking doh sira (kembali)
Kurang satu suku kata: angrêrêpa pan sangking doh sira
7. pangungrume (kembali)
pangungrume
8. sang (kembali)
sang
9. tiyang (kembali)
tiyang
10. Lebih satu suku kata: apan ulun inggih umantuk mring Pathi (kembali)
Lebih satu suku kata: apan ulun inggih umantuk mring Pathi
11. Kurang satu suku kata: ya ta wadya bubaran (kembali)
Kurang satu suku kata: ya ta wadya bubaran
12. Kurang satu suku kata: kawarnaa Ki Adipati (kembali)
Kurang satu suku kata: kawarnaa Ki Adipati
13. tuladha (kembali)
tuladha
14. turangganya (kembali)
turangganya
15. cêmêng (kembali)
cêmêng
16. wuntat (kembali)
wuntat
17. larih-linarihan (kembali)
larih-linarihan
18. Môndaraka (kembali)
Môndaraka
19. ta (kembali)
ta
20. amêkasi (kembali)
amêkasi
21. Lebih satu suku kata: cangkêmipun Ki Kanitèn sampun mati (kembali)
Lebih satu suku kata: cangkêmipun Ki Kanitèn sampun mati
22. Kurang satu suku kata: rayi tuwan tan rumaos andarbèni (kembali)
Kurang satu suku kata: rayi tuwan tan rumaos andarbèni
23. Kurang satu suku kata: Pangeran Mas sedanipun (kembali)
Kurang satu suku kata: Pangeran Mas sedanipun
24. Kurang satu suku kata: kang jumênêng ratu jalu (kembali)
Kurang satu suku kata: kang jumênêng ratu jalu
25. mantune (kembali)
mantune
26. sêrat (dan di têmpat lain) (kembali)
sêrat (dan di têmpat lain)
27. Kurang satu suku kata: konjuka risang sinuhun (kembali)
Kurang satu suku kata: konjuka risang sinuhun
28. Radhiyallahu ‘anhuma (kembali)
Radhiyallahu ‘anhuma
29. Lebih dua suku kata: malah dhatêng kidul kulon- (kembali)
Lebih dua suku kata: malah dhatêng kidul kulon-
30. manginggil (kembali)
manginggil
31. wargèku (kembali)
wargèku
32. Lebih satu suku kata: pun kakang Saradipa (kembali)
Lebih satu suku kata: pun kakang Saradipa
33. Lebih satu suku kata: kang èstri samya kinêpang (kembali)
Lebih satu suku kata: kang èstri samya kinêpang
34. tinêmpuh (kembali)
tinêmpuh
35. Kurang satu suku kata: mring Ratu Jalu samangkin (kembali)
Kurang satu suku kata: mring Ratu Jalu samangkin
36. angatag (kembali)
angatag
37. intêri (kembali)
intêri
38. bêdhah (kembali)
bêdhah
39. Kurang satu suku kata: pan sampun aputusan (kembali)
Kurang satu suku kata: pan sampun aputusan
40. Lebih satu suku kata: wus kinarikid boyongan (kembali)
Lebih satu suku kata: wus kinarikid boyongan
41. wingking (kembali)
wingking
42. Kurang satu suku kata: lah palanana dèn age (kembali)
Kurang satu suku kata: lah palanana dèn age
43. sira (kembali)
sira