Pabrik Tasikmadu, Padmasusastra, 1898, #197

JudulCitra
Terakhir diubah: 01-10-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tasikmadu

1. Dhandhanggula

1. wuryaning rèh makirtyaning rawi | Dite Manis rolikur kang tanggal | Rabingulawal taun Be | tan sêpi ngèsthi wadu |[1][2] Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | ingkang kaping catur | mayasa pabrik sarkara | karsanira dadya pangungsèning dasih | kang sêdya ngupajiwa ||

2. dinunungkên nèng wetan banawi | laladaning desa Karangmaja | sakidul Nglano prênahe | ingaran: Tasikmadu | wolung êpal saking nagari | siti kèdêran toya | nêlasih marusuh | padesan gêng bêbanjaran | saubênge karang kitri katon wilis | kèh wisma kawistara ||

3. kono ingkang arsa dèn purwani | atrap banon talêsing suyasa | rinakit uparênggane |

--- 177 ---

ujung capurinipun | amaju pat sinungan anjir | bul-umbul kang kinarya | gêdhah rêkta pingul | jumbuh lan bandera Lănda | saubênge pinalang palêngkung alit | rinêngga ron puspita ||

4. pêpulêtan lir buntal malilit | lêt nyadhêpa congkok cagakira | mung kalih asta inggile | tandhês praptèng palêngkung | agêng ingkang pungkas capuri | mangalèr ajêngira | sakiduling lurung | ingkang anjog Karangmaja | jinajaran rêrontèk uruting margi | tumănja nuting saka ||

5. pojok marga kang mangidul manjing | mring capuri wetan sinung wisma | alit mangulon ajênge | tinaratag ing tarub | goning găngsa ingkang ngurmati | saliring pamiwaha | ing sakilènipun | margagêng sinungan wisma | kampung panjang mujur mangilèn kinardi | sasana nambut karya ||

6. madya sinung marga ngidul maring | panggonane talêsing suyasa | kanan kering sama dene | pinanjêran palêngkung | alit kadi kang wus jinarwi |

--- 178 ---

têngah sawetan marga | dinêgan ing tarub | kono panggonaning găngsa | kodhokngorèk kang kinarya angurmati | traping banon purwaka ||

7. cakêt talês rinukti ing panti | papan pancèn pamacaking kitha | ingkang tinanêm badhene | rinêngga ing pamangun | ginêbêran wastra warna tri | gêdhah seta myang rêkta | tan pae ingkang wus | kidul mangandhap sinungan | panataran derarsa trap-trêping kori | sinadhiyan pandaya ||

8. papan ingkang sakidul capuri | sinung marga ngidul paranira | tri dasa kaki wiyare | anjog mring marga agung | kang mangetan saking nagari | marang ing Karangpandhan | duk panggarapipun | tinutur mung pitung dina | têbihira satêngah pal winatawis | saking marga mring praja ||

9. nahên ingkang samaptaning pranti | dintên Saptu jam sakawan siyang | nunggil wulan myang taune | tanggal kaping salikur | Kangjêng Gusti Pangran Dipati | Arya Mangkunagara | mangkat têdhakipun |

--- 179 ---

sing praja mring Karangmaja | nitih rata cinatur ingkang umiring | kang nunggil sapuspaka ||

10. para putra kang dhèrèk kêkalih | Jêng Pangeran Prabu Prangwadana | Găndasaputra kalihe | katiga putranipun | kangjêng gusti kang kaping kalih | Nararya Brajanata | ing saangkatipun | Tumênggung Jayasarosa | lawan sagung punggawa lan para mantri | dhèrèk wahana kuda ||

11. anggarêbyêk munggèng kanan kering | catur drahgundêr kang anèng ngarsa | dupi wau sapraptane | kilèn bênawi jujug | kèndêl têdhak wau jêng gusti | nulya nitih baita | praptèng sabrang sampun | pinêthuk pra mantri desa | ingkang arsa nampèni dhèrèk jêng gusti | grêbyêg wahana kuda ||

12. praptanira sawetan bênawi | kèndêl munggwing pasanggrahan lênggah | siniwèng punggawa andhèr | sira Radèn Tumênggung | Jasarosa cakêt nèng ngarsi | jêng gusti angandika | mring radèn tumênggung | lah payo ungkur-ungkuran | ingsun mangkat sira balia [bali...]

--- 180 ---

[...a] umulih | dèn bêcik tunggu pura ||

13. atur sêmbah kang sinungan angling | kangjêng gusti wus nitih kareta | gya mangkat dhinèrèkake | wadya mantri ing dhusun | anjajari numpak turanggi | tan winarna ing marga | pan sampun kadulu | prênahe kang pasanggrahan | Karangmaja banderanira kaèksi | kumêlap lir nambrama ||

14. dhatêng ingkang wau badhe prapti | isthanira kadi anêdahna | sasana pratalèng sae | wus cêlak lampahipun | kinurmatan pradăngga muni | Kodhokngorèk barungan | lan găngsa ing dhusun | kang cumundhuk mangarcana | Dyan Mas Panji Wiraasmara Kêsiti | wadana karta praja ||

 


§ = 1800. (kembali)
Tanggal: Dite Manis (Ngahad Lêgi) rolikur (22) Rabingulawal Be: tan sêpi ngèsthi wadu (AJ 1800). Tanggal Masehi: Minggu 11 Juni 1871. (kembali)