Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 17–35)

Judul
Sambungan
1. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 01–16). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 17–35). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 36–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 50–60). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 61–70). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
6. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 71–83). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
7. Babad Majapait, Prawirasêntika, 1901, #1836 (Pupuh 84–97). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 24-01-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

17. Sinom

1. Ki Rănggalawe ing Tuban | samana ingkang winarni | nuju anèng pasanggrahan | lênggahira ki dipati | anèng dalêm pribadi | aminta ungguling pupuh | manêkung jro wardaya | Sira Dipati ing Tubin | sirnèng tingal ning Hyang-hyang Jagat Pratingkah ||

2. binantêr samèdinira | tan antara ingkang prapti | juwata ing Suralaya | ring Sang Yyang Yamadipati | matur sang adipati | hong Siwah Boja dewa gung | dewane dewa mulya | kuwangwang netraning dasih | anuruni mring padaning [pada...]

--- 88 ---

[...ning] kang winênang ||

3. nir dahna pina sabda |[1] dêrmaning nata suruping | ing sang hyang nata priyăngga | angrèh sarik nagra widi | angling Yamadipati | iya pawong sanak ulun | hong padya sirantuna | sae-sae migênani | namunana sidhêp titahing winênang ||

4. iya kêkasihing dewa | ngong ingutus Hyang Pramèsthi | at ing Hyang Sugsmanăngsa |[2] mundhut nyawanira kaki | rèhning wus praptèng janji | ya ajaling putraningsun | panjang cêndhaking yuswa | kaki tan kêna gumingsir | anglêg ing tyasira Sang Dipati Tuban ||

5. tan liyan kèsthi ing manah | apan amung prabu dèwi | kang dadya sumêlang driya | dene sang dyah dèrèng krami | wimbuh ing mangke dadi | lêlakoning Majalangu | dèrèng kantênan andhap | unggule dènnya ajurit | sênadyan ta pinundhuta ingkang yuswa ||

6. yèn wus pêjah Menakjingga | kapala rêgêding bumi | wusana sang adipatya | umatur sarwi wotsari | sabdaning hyang kapundhi | nanging pamintaning ulun | ing Sang Hyang Siwah Boja | tan kilap wus ngudanèni | nabda Yamadipati lah adipatya ||

7. dadi sira kurang pasrah | tan jumêneng ing wong luwih | milih nampik ing wisesa | umatur sang adipati | lêrês sang hyang dewa di | ing agêsang kang linuruh | mulyaning kasampurnan | tan mengrat mulyaning [mu...]

--- 89 ---

[...lyaning] jisim | nikmat arja kang têka ing ariloka ||

8. bok inggih Hyang Siwah Boja | sumados madyaning jurit | wangsul ta karsaning dewa | anitahakên ing mami | punapa ta kinardi | utama sawusing nêmu | lampahan ngariloka | lawan punapa kinardi | utamèng trus ing gêsang tumêkèng pêjah ||

9. kanggêg Sang Yamadipatya | tandya tumêngèng wiyadi[3] | sigra Sang Hyang Panji Nrada | Manikmaya kang linuwih | matur sang adipati | hong Siwah Boja Dewa Gung | dahning pinara sabda | surupnya nata prayogi | amêminta ulun padaning winênang ||

10. jarwanana sêdyanira | sapangrèh sêtyaning dasih | ing gêsang tumêkèng pêjah | nistha madyaning utami | urip jamaning pati | miwah amba luhuripun | angling Hyang Panji Nrada | babo titah ingsun kaki | hong masidhêp sirantuna sih wigêna ||

11. iya kêkasihing dewa | wus pinasthi ing Sugsma di | sira kinarya utama | musakani Majapait | sinatriya pinarjurit |[4] kinarya praboting ratu | arngarcapada[5] sira | babo kinarya utami | ngariloka wus ginadhang-gadhang mulya ||

12. nanging ta ubayanira | ing mangke iya wus prapti | mulih marang kailangan | anging sarasaning urip | wus katur Hyang Pramèsthi | kumaranira sang bagus |

--- 90 ---

wêwayanganing Sugsma | wus nèng pangayunan gusti | nora kêna sumaya pêcating nyawa ||

13. lamun sira paripêgsa | jumênêng lawan utami | tur tan wurung têkèng ajal | mundhak amêmurang kang sih | anging linilan ugi | babo kita mring Hyang Agung | nganti têmpuhing yuda | rèh pamintanira kaki | karya tilas labête tingkah utama ||

14. nanging têka wurung ora | sira tumêka ing pati | eman gêmpaling kamulyan | yèn darbe karsa pribadi | têmahan nrimèng pêsthi | sinuda sihing dewa gung | matur sang adipatya | sihing hyang kapundhi-pundhi | anuruti padane ingkang winênang ||

15. alatah Hyang Panji Nrada | angguguk Yamadipati | iya iku wong utama | nora bakal wong angsal sih | dene rêntênging bumi | lindhungêna ing dewa gung | sêdene putranira | iya sang narendra putri | pra juwata ingkang darbeni bubuhan ||

16. pangèstu lan puja-măntra | sarta karsaning Sugsma di | wus marêm sang adipatya | têpung kalanira nguni | prabu rara wus mangsit | lakone sariranipun | mangkana sang dipatya | wusana sumrah naya di | wus umiyat dutaning Hyang Jagatnata ||

17. ing ratri datan kawarna | enjang mangkat sang dipati | siniwi ing pra bupatya | pêpak sagung [sa...]

--- 91 ---

[...gung] ingkang nangkil | miwah Seta Kumitir | ajar ngapit mabukuh |[6] radèn patih nèng ngarsa | anggusthi têmpuhing jurit | wus pininta dhadha tênapi pangawat ||

18. miwah cucuking alaga | tuwin ingkang samya dadi | angalap-alaping aprang | ingkang pirêmbug wus dadi | manglat manglanggar jurit | wus nabrang sadaya daut | ing ênu tan winarna | wus ajêng-ajêngan jurit | baris wetan wus umèp matata gêlar ||

19. tangkêpira prit anêba | gumulung agolong pipit | raja lan menak dipatya | răngga dhaèng amênuhi | saha-saha kang dasih | caruk wor gêlaring pupuh | lir gunung gêni sinang | lir sêgara tanpa têpi | pirang-pirang mariyêm lan kalataka ||

20. sinêla-sêla makapang | lan panggritan obat mimis | pirang-pirang tanpa wilang | ngundhung-undhung kadya wukir | miwah inuman jurit | pirang-pirang tanpa etung | arak kênit wêragang | brênduwin kêlawan api | kawarnaa dêdamêl ing Majalêngka ||

21. tinon sing mandrawa gumyar | lir sêkar sêtaman asri | paptèng[7] kala marcu merang | gunastra marindik-rindik | makilat-kilat thathit | lumrangtara wra supênuh | soroting sunar kumyar | daludag dêdêl kasilir | kêntar-kentar kêkăndha nglela gumawang ||

22. gawang-gawang awèh rimang | lêlayu

--- 92 ---

bandera asri | manguwung mateja-teja | wangkawa mangobar-abar |[8] èrêm hyang bagaspati | para juwata supênuh | dewa-dewa nêningal | widadari ngintip-intip | gêbyar-gêbyar mêmanon manoning aprang ||

23. lidhah-malidhah kumênyar | kumilat mangilat thathit | pracalita tar-antaran | ujwalanya anyarêngi | puspa warsèng mawanti | gănda kusuma sumawur | panjrah-panjrahing sêkar | kêpyur-kêpyur atrang sumrik | arum-arum mêlêg gănda kamarutan ||

24. anglela Dipati Tuban | kang dadya lajêring jurit | asongsong maliyo jênar | anitih pun Sangupati | lir Sasrabau sigit | wong jodhipati nèng ngayun | kêlawan wong trantaman | sarawisa amênuhi | dulangmangap apit-apit ngering nganan ||

18. Pangkur

1. Binarong gănda pustaka | para mantri miwah para prajurit | wau manahnya wus mundur | kumêlap ing dewanya | sarêng myarsa Ki Răngga ingkang pamuwus | tan ana kang malih tingal | mung dewane kang kaèsthi ||

2. mangamuk manrot mangrêmpak | sira Gănda Mêstaka wus ngêmasi | kasambut madyaning pupuh | pêjah de Walikrama | surak umung wong wetan lir gunung guntur | awong[9] swaraning matêngga | Binarong sampun ngêmasi ||

--- 93 ---

3. pêjah lawan dewa sraya | para mantri lir sulung lêbu gêni | sang adipati anêmpuh | rinêbut ing ngakathah | sakudanya pun Sangupati atêguh | tênapi panongsongira | awasta pun Wăngsapati ||

4. tan pasah dening tigswara | kuda datan pasah katiban mimis | apan lir parada gumyur | tinon agêbyar-gêbyar | sang dipati manahira saya mêtu | tigswara makêthèn yutan | wong wetan akèh ngêmasi ||

5. nuju dhadhaning ayuda | baudhêndha Sang Madura Dipati | wadyanira sami larut | kacundhuk ing tigswara | Sri Madura Kotbuta Katbuta nêmpuh | tan tumama dening braja | mamrêm mangiwung mangungkih ||

6. Dyan Arya Jayapuspita | pêgsa kiwul tinatiga pan konthit | pinêdhang kontal tinubruk | binuwang wus katampan | dening sira Madura binuwang mamprung | tiba ngarsa sang dipatya | gya mangsah wus dèn lancangi ||

7. Kotbuta nrajang magalak | tinadhahan ing wadya jodhipati | rinampog mamrêng manggulung | singa pinêdhang tatas | Angkatbuta angiwut amiyak ganjur | tangkis mangidak watang crah | pinêdhangan nora osik ||

8. singa rinasuk ing pêdhang | pagas tatas wong jodhipati gusis | Sri Baudhêndha manglambung | sarwi sikêp nanggala | tandya sang dipati [di...]

--- 94 ---

[...pati] jinojoh tan keguh | sinampe nanggala gigal | Sri Madura dèn lêpasi ||

9. dening kang sanjata dibya | wus malêsat tiba jabaning baris | Kotbuta mêdhang manubruk | sinarêngan tigswara | pêdhang putung milar Kotbuta manubruk | sinarêngan ing gandhewa | kentas malêsat lir mimis ||

10. Kotbuta malih nêrajang | radèn arya patih malih nadhahi | mawanti panggoconipun | Angkatbuta tan pasah | kêrèt gèbèg dyan arya sampun kacakup | maputrê binuwang kentas | tibèng siti ngancap malih ||

11. angukêl rema anjambak | mancat lambung muwung-muwung mawanti | winêngkang radèn sinambut | binuwang tibèng têbah | Radyan Răngga anggêdhêg gandhewanipun | satjata[10] dibya lumêpas | Kotbuta kentas jêmparing ||

12. Gajah Têpèngsara kentas | Balaruci angaro sang dipati | sikêp watang numbak asru | tinangkis ing gandhewa | wanti-wanti panumbakira tan tutug | Ki Rănggalawe manabda | durmane sira ambalik ||

19. Durma

1. lah pagene yayi Gajah Têpèngsara | lan yayi Balaruci | tan nêtêpi sira | papintaning juwata | tinitah nèng Maospait | tur binupatya | têmah balela gusti ||

2. lah ta yayi

--- 95 ---

elinga mring Sugsmanăngsa | kêrana juwata di | anggêlar utama | sumrah gêlaring kita | dene sira wani silip | watak kalunta | kaluputan dèn sêmi ||

3. saya ngungkih Balaruci Têpèngsara | sigra manumbak aglis | gulali biringnya | Ki Gajah Têpèngsara | Balaruci numbak wani | sinampe kontal | ngandika sang dipati ||

4. iki si wong lumuh têka kabêcikan | nêmu apa ing pati | Têpèngsara nrajang | ngancap sarya amêdhang | brêmantya sang adipati | mêdhang tinampan | pinutung tikêl kalih ||

5. narik katga ngancap anglarihi sigra | tinêpan gandhewa glis | kang kêpala rêmak | wus pêjah kapisanan | Balaruci angunduri | Jayapuspita | nêrajang narik kêris ||

6. Balaruci panumbakira kinayang | angawêt waja gathik | dyan patih amilar | pyak mangkat ikêt pinggang | mangukêl rema muwung kris | cacingklok tatas | Balaruci ngêmasi ||

7. kawarnaa sira Radyan Purbarana | ingkang pangawat kering | wus kesisan bala | tumpês sawadyanira | kinalihan datan osik | caruk padha las | kambah-kambah mangungkih ||

8. Adipati Pêkacangan sampun pêjah | tinumbak dhadha iring |

--- 96 ---

ya ta Janurwenda | sira Raja Balega | wus dangu asilih biring | lan Purbarana | limpung wus tan ngênèni ||

9. alugora angênting datan tumama | samya alèrèn kalih | samya sayahira | sawusnya nginum dhasar | cangklèt malih silih-ungkih | dhêngkah-dhinêngkah | maglut putêr mawungking ||

10. gênti junjung magênti kentas-kinentas | gapyuk wor kèkèt malih | ya ta Kêrtagnyana | sangking kanan kawarna | caruk wor bala magumrit | akathah pêjah | padha tos silih-ungkih ||

11. datan wiguh Raja Bandhung widigdaya | tumbak-tinumbak gênti | apêdhang-pinêdhang | suduk-sinuduk panggah | gada-ginada mawanti | sami sudira | karingêt mêtu gêtih ||

12. galasahan acêpêngan ikêt pinggang | samya dhèprok ing siti | ajèngkèng rumangkang | pupuh-pinupuh tandya | pating barêkuh sang kalih | gagap-ginagap | pating glêrêng kapyarsi ||

13. gênti gorok-ginorok gumrèt kang waja | gloyoran wus ngêmasi | wadyanya tumpêsan | nigan sapêtarangan | rêmuk wor tan ana kèri | gênti kawarna | sira Sang Urubêsmi ||

14. bantu aprang manglingkung sabalakuswa | sagung kang para aji | prajurit magiyak | carukdhênggung glogothang | bajobarang cukilmanik [cu...]

--- 97 ---

[...kilmanik] | wong gathodara | juranggatho mangungkih ||

15. surabêthot wong surarayah umangsah | gumulung ngêdrèl wani | anyanggah nyarampang | angganthol grènèng gumrah | sami amasêr nyêmpuling | swara lir gêrah | kênthung bèri munya sri ||

16. kang ayuda wiwit enjing ngantya asar | tan ana kang gumingsir | rêrêmponing ajang | ya ta sarêng tinunjang | mring sira Sang Urubêsmi | samya katimpah | tan bisa kiwul jurit ||

17. kadi glona sinambêr dening matêngga | mawut sisaning pati | kang lumayu rêbah | kang borang sara rangap | wangke lir babadan pacing | rawa-rawa rah | ilining rah lir tasik ||

18. baris kilèn upama bêndungan bêdhah | larut tan măngga pulih | mung kèri lajêrnya | sira sang adipatya | anitih pun Sangupati | nglela katingal | songsong maliyo kuning ||

19. Radèn Jayapuspita ambuntut kuda | sarwi angliga kêris | wong wetan angrêmpak | maju-maju katulak | pinanah dibya pramusthi | sapirang-pirang | wong wetan ingkang mati ||

20. Sang Sri Bêsma sakêlangkung dukanira | tandya ngawaki jurit | têdhak sing matêngga | sarwi mangikal dhêndha | kumutug mawulat gêni | kang wadya surak | kênthung bèri tinitir [tini...]

--- 98 ---

[...tir] ||

21. nguwuh-uwuh mabêlik Sri Urubêsma | Rănggalawe ing Tubin | lah payo nututa | eman lamun palastra | mendah dene prabu dèwi | yèn sira pêjah | tangise ngrèndèng ati ||

22. lan ta sapa kang sun aku maratuwa | talingan lir sinêbit | sira sang dipatya | manêbda winor guyya | Menakjingga pêgsa luwih | digung kumawa | aja kakehan angling ||

23. Sang Sri Bêsma nêrajang gya linêpasan | ing panah bibya[11] musthi | makentas kabuncang | kuwalik tibèng kisma | mangsah amilar mabêlik | kacundhuk kentas | tibèng siti kuwalik ||

24. sakêlangkung Sri Bêsma brêmantyanira | sigra anitih èsthi | gya nandêr magalan[12] | prayitna sang dipatya | surak lir karêngèng langit | gumrah gumêntar | kênthung bèri tinitir ||

25. kalih samya andhatêngakên prabawa | byuh bayu bajra prapti | kêkuwung manglayang | obar-abir gumawang | teja wangkawa mênuhi | kang puspa warsa | siram-siram nrus nginging[13] ||

26. sarêng cêlak arsa mangrênjahkên liman | Urubêsma pinusthi | kinalih sanjata | tinibèng jaja kentas | dhawah sajawining baris | kang ponang gajah | têlale pagas pancing ||

27. gêro angrik nandêr [na...]

--- 99 ---

[...ndêr] kang ponang dirada | nubruk pun Sangupati | dyan arya trangginas | gajah sigra ingancap | ginoco ingkang pok kuping | atuna dungkap | nora amiyatani ||

28. liman anggro dyan arya rinênjah-rênjah | gadhingira manukit | dyan arya lumumpat | mubêng midêr putêran | nusup manggoco dyan mantri | ponang andhêman | cêcêp anggro kang èsthi ||

29. sru gumêbrug liman anggre[14] kapisanan | ya ta Sri Urubêsmi | saya sru brêmantya | mangsah malih katulak | tiba satêngahing baris | swara gumêrah | subawa ting carêngkling ||

30. wadya wetan gègèr mirut maputêran | kurdhanira tan sipi | Prabu Urubêsma | pinalih yudanira | undhang kinèn ngrubut bêdhil | mriyêm gurnita | kalataka mawanti ||

31. kadya gêlap sakêthi sarêng mangampar | tansah ngurugi mimis | Ki Răngga ing Tuban | sangking ing katêbihan | tinangkis sara kang mimis | ajur katulak | wênèh laju ngênèni ||

32. tibèng jaja tinon kadya sasunggan |[15] panongsongira kanin | Wăngsapati rêbah | tatu wus ingambênan | kuwat malih Wăngsapati | ngadêg tan pisah | ya ta sang adipati ||

33. datan pêgat anglêpasi kang sanjata | ewon makêthi-kêthi | sami kathahiri [ka...]

--- 100 ---

[...thahiri] |[16] kulon lawan ing wetan | ya ta sira sang dipati | sumpingnya gigal | katrajang dening mimis ||

34. galihira kumêsar sang adipatya | tandya songsong kapusthi | dhandhanira patah | sigar muluk ing tawang | Wăngsapati dèn kêjèpi | kinèn lumajar | ya ta sang adipati ||

35. nêngèng tawang ningali kèrining swarga | binuka ngraras ati | gya Yamadipatya | prapta lan pra jawata | ambêg ta maligi rugmi | myang widadyarya | mijil kang burat wangi ||

20. Mijil

1. wus murcita yuswaning dipati | sêkala anglayon | ponang kuda wus dangu pêjahe | anging magsih ngagêm sang dipati | saniskara sami | lir duk uripipun ||

2. kapêrbawa dening sang dipati | asurèng palugon | ya ta wusnya pralaya ing mangke | kuda rêbah kang layon gumuling | gêpah radèn patih | pan adrês ingkang luh ||

3. sêsambate radèn mêlasasih | adhuh gustiningong | datan sagêt akantun dasihe | antènana ing pangarib-arib | anusul ngêmasi | gusti dasihipun ||

4. ajanmaa kaping pitu ngabdi | nèng swarga sun êmong | ngranupada gusti kawulane | datan sagêt ngabdi lyaning gusti | dèrèng ngraos dasih | malês sih pukulun ||

5. angungkêp-ungkêp rahadèn [rah...]

--- 101 ---

[...adèn] patih | anungkêmi layon | Urubêsma wus awas tingale | têkèng layon Sang Dipati Tubin | sawadyakuswasri | marêpêgi gupuh ||

6. sarêng cêlak dyan patih ngadhangi | datan awèh ingong | aja sira pêrpêgi layone | lamun ingsun durung angêmasi | Menakjingga anjing | patènana ingsun ||

7. aja liya ingkang anangani | ngamungna sira wong | aja tanggung rusaking jênênge | mring gusti sun malih mring mami |[17] mara dipun aglis | untapêna ingsun ||

8. Sang Sri Bêsma angabên kang dasih | wadya kinèn ngrocok | mring dyan patih lumagsana age | pirang-pirang kang kuswa mapipit | tan ana nêdhasi | radèn nguwuh-uwuh ||

9. sarya jèngkèng angampingi jisim | Menakjingga katong | mara ingsun patènana dhewe | Sang Sri Bêsma marêpêgi aglis | dyan patih binindi | pok talinganipun ||

10. tandya pinentaran ponang jisim | tan tumêkèng layon | tansah wayang-wayangan jisime | gya parentah Prabu Urubêsmi | kinèn ngobong aglis | sêgsana tumanduk ||

11. rêrêmukan pacikêpan jurit | kadya arga tinon | ngundhung-undhung gya sinumêt age | ingêsokan obat lan brênduwin | urubing kang gêni | gandanya sumrik rum ||

12. pra juwata para widadari | supênuh nênonton | angurugi [anguru...]

--- 102 ---

[...gi] ratus kasturine | ngalat-alat lir wukir kang agni | panong[18] layon kalih | murca awor kukus ||

13. sêkarine wadya kang ngêmasi | kang kanin matrompong | wênèh gulung awor lan mayite | myang kang angum arêrawat gêtih | gya ingorak-arik | mring wong wetan gupuh ||

14. wênèh ingêdrèl myang cinampuling | kinêpruk pinacoh | Purbarana Danurwenda Rajèng | apan sampun pêjah wor ing jurit | layonira kalih | mêgsih kèkèt kukuh ||

15. kawarnaa Dyan Seta Kumitir | nèng Buntar palugon | wăngsa ing jro pinêpêg barise | pan sumêdyarsa ngantêp ing jurit | wadya golong pipit | ing solah anggrêgut ||

16. pêpêg nèng wana trataban baris | tampingan jurang jro | sagunging wong cêcawêtan age | wus prayitna angawêt jupiping | brêngose pinuntir | amandêng dêlanggung ||

17. kasaru praptanya Wăngsapati | wong Tuban panongsong | tatu dhadha ing ambên kanine | miyak wana dènira lumaris | kagyat radyan kalih | pan sinêngguh mungsuh ||

18. saya cêlak dyan kalih ningali | tan supe panongsong | pan agêpah tinanya purwane | ing alaga matur Wăngsapati | sanèskarèng jurit | Ki Răngga kêsambut ||

19. atumpêsan [atumpêsa...]

--- 103 ---

[...n] sakêdhik wong urik | payudan rêrêmpon | Seta Kumitir langkung gla tyase | dadya wurung dènnya ngantêp jurit | kasaru kang prapti | wong kawon pupuh |[19]|

20. wong kang brana ngarintih anangis | samarga ting blocor | wong sêsambat gumrumung swarane | opyak mungsuh Dyan Seta Kumitir | sigra nitih wajik | adhadhal lumayu ||

21. wăngsa ing jro samya rêbut dhingin | jinêjêl tan alon | gumarubyuk ing marga swarane | ting jarêthot nasak ing wanadri | akathah kuwalik | ikêt pinggang runtuh ||

22. tan tinolih kudanya anggêndring | kang sawênèh mogok | tandya mudhun tinilar kudane | wadya kang dharat sami ngarintih | tinunjang ing wajik | sambat adhuh biyung ||

23. kang sawênèh wadya lan pêkathik | kudanya kinoncong | ginêndiran samya mungkur bae | sikêpira angamplok tan osik | dhadha kinapithing | samya luru apus ||

24. ya ta ring Sang Prabu Urubêsmi | akondur makuwon | dhatêng Prabalingga sawadyane | kathah longe wadya kang ngêmasi | dêstun cacah janmi | kantun pitung èwu ||

25. langkung suka tyasira sang aji | wadyanya rêrêmpon | mangu-mangu anglanggar jurite | mêne gantya kang kawarna malih [ma...]

--- 104 ---

[...lih] | nagri Maospait | ring sang murtining rum ||

26. kasêngkêlan ing driya kawadi | rèh Sindura nglayon | Majalêngka ilang bêbanthènge | wimbuh ginubêl Dyah Rarasati | tan pêgat apamit | sumusul ing lampus ||

27. sêdya lê tumangan nglabuhi |[20] ing rama sêlayon | tansah sarta seta busanane | tanpa dhahar sang dyah tanpa guling | waspanya drês mijil | ing siyang myang dalu ||

28. akaruna Dèwi Rarasati | nglayung ujwala nglong | prabu rara wagugên ing tyase | tansah ngimur mring Dyah Rarasati | jinum sêbda ririh | sêpêt madu juruh ||

21. Dhandhanggula

1. yayi aja wigêna ing galih | wus pinêsthi janjining juwata | Paman Sindura ajale | kasambut ing apupuh | iku pati ingkang linuwih | mulya tanpa antara | laju mring swarga gung | nglabuh ing rèh raharja |[21] nora ginggang ing sabda kang wus kawijil | pêrcayèng Sugsmanongsa ||

2. alah sira dene paman yayi | gênging trêsna marang pujamăntra | mung sira kang dadi tyase | prandene datan ketung | labêt amrih pratamèng bumi | tinruskên ngariloka | krahayon ginêlung | gulang langgênging sampurnan | yayi aja anggalih kang wus angsal sih | kinarsan ing

--- 105 ---

Sugsmana ||

3. kapindhone dènira mrih puji | kalokèng prang sura kawidibyan | sira kang dèn titipake | yayi mring jênêng ingsun | rèh tan darbe atmaja malih | yayi pan amung sira | kang sinugsmèng prabu | têmahan lêbu-tumangan | tan kamantrus ing urip têkèng ing pati | mung siji olèhira ||

4. amung kapatèn ingkang pinanggih | sanadyan ta yayi kapanggiha | yèn durung tama uripe | yayi nora pinunjul | tur asiya-siya ing jisim | balik dipun narima | ing dewa kang agung | sinau olah kamulyan | Majapait sira mèlua darbèni | gêlung kalêngkèng ing rat ||

5. iku yayi kaswargan linuwih | kalamun wignya mangulah jagat | sêmbada pamrês budine | tumêkèng pati luhur | nikmat tulus sihing Sugsma di | swarga saya ingembah | ngarilokanipun | witning ingsun iki apa | yayi dèwi kinarya lakoning bumi | prandene sun narima ||

6. piraba benjang têmbe yayi |[22] linuwarkên sing gêlah sungkawa | sun lindhungkên dewa bae | yèn sira trêsnèng tuhu | marang ingsun karyanên yayi | gagêntining sudarma | kamugtèn pinandum | yayi pan wus bêjanira | bêjaningwang wong loro padha nglabuhi | yayi ayya sulaya ||

7. amituhu [a...]

--- 106 ---

[...mituhu] Rêtna Rarasati | sinung sabda sumèh sumrik sumrah | rumêsêp ing tyas sarine | gantya ingkang winuwus | amangsuli purwaning nguni | duk Patih Maundara | darbe putra jalu | abagus suwarnanira | sinung aran nênggih Radèn Damarsasi | putra pintaning dèwa ||

8. samendraning buwana tan manggih | sakurêbing akasa tan memba | sêklangkung-langkung baguse | lir Hyang Asmara nurun | nora mèmpêr nora na mirip | ing Hyang Sang Hyang Asmara | iya Damarsantun | singa mulat ngênglêng brăngta | swaranya rum manganyut yuswaning èstri | manggung karya la-êla ||

9. wus karsaning juwata linuwih | sanagri Jawi măngsa punika | miwah ing Suralayane | sakèhing bagus-bagus | alus-alus myang sigit-sigit | dêling myang raras-raras | myang kang rayung-rayung | manglêntrèh myang mawilêtan | manis sumèh mrak-ati mintaning angin | kari ampas sêdaya ||

10. kumaraning ngambilan wus ênting | kinumpulkên ing Dyan Damarwulan | tangèh rinonce baguse | bagus ratuning bagus | lir mêmanon rêtnaning bumi | tur bumi ingkang mulya | mulyaning wong bagus | kaelokaning kaswargan | kalêngkaning lênglêng kalunglun linuwih | luwih Dyan Damarwulan ||

11. wus ginêbag titahing dewa [de...]

--- 107 ---

[...wa] di | adinira sampun ingambilan | angumpul sinaring manèh | pinèt ing sarinipun | sari nulya sinaring malih | ingambil cahyanira | kang cahya binubut | kantun galihe kewala | gya binubut pinatut ing dewa luwih | dadya Dyan Damarwulan ||

12. dudu wulan ingkang anyênêni | dudu srêngenge kêng karya padhang | pasrahêna kang adarbe | ingkang darbeni suwung | suwungira ginêlar yakin | graitanên dènira | satuhuning kawruh | kawruh kang mêsthi utama | utamane ing urip tumêkèng pati | wêrana Damarwulan ||

13. amangsuli kang cariyos malih | Sang Hyang Tunggulmanik garwanira | Dyah Campursari namane | anênggih putranipun | Hyang Musthikamaya Sang Rêsi | pilênggah Paluhămba | kasêbut bêbuyut | pandhita angraga sugsma | bêntur tapa sampurna ingkang pamuji | pinuji puja brăngta ||

14. Hyang Tunggulmanik lan Campursari | ayêyogya ing Dyan Damarwulan | timur têkèng diwasane | ingêmong Sang Hyang Wiku | Paluhămba ingkang palinggih | Buyut Musthikamaya | ya ta dyan kawuwus | sinung kalih pamong jiwa | roro sanak santana Hyang Tunggulmanik | Sabdapalon kang tuwa ||

15. Nayagenggong rane ikang ari | pandhita samar sinamur sabda | cucut ing sapratingkahe [sapra...]

--- 108 ---

[...tingkahe] | pinêndhêm nora bawuk | nora gêsêng dene ing gêni | pangucap sapangrèhnya | dadya pujinipun | tinarima ing Sugsmana | parpat kalih datan pisah radyan mantri | musakani ing lampah ||

16. pan ing mangke Radyan Damarsasi | pamit eyang sumêdya suwita | mring Majalêngka rahadèn | sang wiku angsung tuduh | lamun prapta ing Maospait | kinèn jujug ki patya | tur sudarma tuhu | sapangrèh kinèn lumagsa | mèstutèng rèh datan kawarna ing margi | prapta kikising kitha ||

17. tuhu bagus Radyan Damarsasi | kampuhira gadhung pinarada | kinonang-konang sakêbon | paningsête sinawur | clana cindhe sêkar pinrêsmi | jamang mas kinatipa | winarjasèng santun | asumping căndrawirama | rumbing rêtna pinindha sêkar mêlathi | dhuwung tinaturăngga[23] ||

18. wayang-wayangan dènnya lumaris | kasuluh dening hyang arkamaya | gumêbyar ing pamulune | Hyang-hyang Asmara nurun | pan ingiring parêpat kalih | radyan ing tindakira | èbêg kang andulu | singa mulat lênglêng brăngta | cêngêng kumyus karingêtira drês mijil | kasaput ing asmara ||

19. pra wanodya gumrah aningali | mondrèng dêdungik lan sambiwara | lir mati ngadêg ciptane | ana angusap rambut | wênèh payudara liniring [li...]

--- 109 ---

[...niring] | wênèh angêmban anak | pinindha kêlayu | wênèh ingkang wade sêkar | rawe-rawe sêkare dipunarasi | sêmune anjêjawat ||

20. wênèh wanodya kapêthuk margi | jêjêr datan bisa lunga-lunga | ngêtutakên paningale | nadyan samining kakung | lênglêng mulat abrăngta kingkin | radyan ing tindakira | samarga tumungkul | Sêpdapalon Genggongnaya | lêlakone pinatut pinikir-pikir | luwung nyuwira gambang ||

21. pacak sêngguh sasigar sadhuwit | wayanganira winangwang-wangwang | têka mundhak cucut bae | malênthèt wêtêngipun | kulitira akinyis-kinyis | kaku rasaning manah | tan ana kang dulu | tiwas kèri lan gustinya | ya ta wau lampahira radyan mantri | prapta ing kapatihan ||

22. sampun katur mring rêkyana patih | lamun ana wong sêdya nyuwita | ya ta ingandikan age | kyana patih kawuwus | pinrak bangsal ing madesari | Damarwulan duk prapta | ing natar kasuluh | ngirawan agêbyar-gêbyar | kyana patih kagyat sarêng aningali | lir mulat Danasmara ||

22. Asmaradana

1. dyan mantri bukuh alinggih | nèng ngandhaping papêthetan | dangu tan dinangu radèn | sinamur sinambi mucang | sarya gêbêg landheyan | tansah nyolong liringipun [li...]

--- 110 ---

[...ringipun] | pangunadikaning manah ||

2. iki si wong bagus luwih | lawan sun nèng marcapada | katêmbèn têmên sun tumon | dudu ing suwadinira | baya pujan juwata | yèn ta kawêntar ing luhur | murungake lêlampahan ||

3. Ki Seta Layang Kumitir | yèn luput-luput kasingsal | kêlamun ta bocah kiye | awèt anèng Majalêngka | nora wurung kinarsan | ing sang maha ratu ayu | ya ewuh apa ta ingwang ||

4. gya ingawe radyan mantri | umarak wus praptèng ngarsa | kya patih ngandika alon | janma ngêndi sira bocah | arsa suwita maringwang |[24] wonsêkar[25] Dyan Damarsantun | ulun lare Paluhămba ||

5. Maundara kang sêsiwi | sumêdya angranupada | dhatêng paduki[26] wiyose | awas ta pun Damarwulan | kya patih angandika | sun tanya mring sira kulup | sapa ingkang angsung nama ||

6. umatur rahadyan mantri | inggih sudarma kawula | ya ta kya patih lingnya lon | yèn mêngkono sira bocah | dadi anak manira | nanging ta luwih botipun | wong ngawula marang ingwang ||

7. sira apa anglakoni | marang ing pituduh ingwang | ya ta dyan mantri ature | inggih sakarsa paduka | kawula tan lênggana | ing gêsang tumêkèng lampus [la...]

--- 111 ---

[...mpus] | sapangrèh ulun sandika ||

8. ya ta wong sadalêm puri | samya angintip rahadyan | supênuh kang para sinom | agupita-ginupita | cêngêng lênglêng tumingal | lir dudu manungsa tuhu | ya uga juwata mulya ||

9. ingkang satêngah pawèstri | kagagas karasa-rasa | wênèh angambung kancane | wênèh ngusap-usap jaja | wênèh akirap rema | sawênèh amijêt lambung | kêmpung uyap sikut bêngka ||

10. wontên kawursitèng malih | putrane rêkyana patya | Anjasmara sang lir sinom | arsa umarak ing rama | sarêng sapraptanira | kagyat sarêng duk andulu | dènnya mulat tamu prapta ||

11. sang dyah rêtna gya mêrpêgi | angintip anèng warana | sarêng andula[27] warnane | dhatêng Rahadyan Sêsăngka | kumêsar galihira | gumêtrê sariranipun | sêkala tanpa jamuga ||

12. wimbuh duk rahadyan mantri | umatur mring kyana patya | arum anyênyêt swarane | gumêbyar sorot waja |[28] lir thathit rêbut paran | sang dyah kêtêgnya sumawur | tanbuh raosing wardaya ||

13. amawang-mawang kang liring | liringe Radyan Sêsăngka | kadi wulan samêloke | nglela gumawang kang cahya | cahya nrus marang tawang | lir mugswèng ngênggon sang

--- 112 ---

ayu | kêna ing pêngaribawa ||

14. ya ta sang rêtna marêngi | ngasta sêkar sumarsana | ing wau tan ngantos ngangge | dadya ingasta kewala | grègèli datan krasa | gya mundur ing dalêmipun | gandrung-gandrung nandhang brăngta ||

15. brangtanira amilêt sih | sumaput têlênging driya | sarwi ngrimong sêmêkane | Rêtna Dèwi Anjasmara | dahat kunjana papa | ing sasolah tingkah ngungun | biyadaning kêpatihan ||

16. tan liyan kaciptèng galih | mung Radèn Damarsêsăngka | wadung pari sira radèn | kaniaya angsung brăngta | sêmbung tikta ing têgal | sun samur mêgsa kagugu | satriya ing Paluhămba ||

17. jae wa sun wastani |[29] kang ati poyang-payingan | labête trisna dhèwèke | galêpung panyidrèng surya | sun lalipur tan kêna | kêbo bang kagok ing sungu | sêpi rêrasaning driya ||

18. ramon kali wong abênthing | toya mijil ngawang-awang | pirabara ingsun radèn | wawuh lawan jêngandika | parikan sariboja | sun tatêdha mring dewa gung | dadia laki kawula ||

19. kêpuh gung awoh kenari | dhandhang wiring sira dewa | mung sok aja lunga bae | sira sangking kêpatihan | yuyu langking samodra | sun rewangi adol pinjung | darbe sobat lan andika ||

20. sangsaya kandhohan[30] kingkin |

--- 113 ---

amayang susela brăngta | barang winangwang isthane | satriya kang anyar prapta | kang kèsthi kasat mata | kumanthil anèng jêjantung | pawor lan budi kasmaya ||

21. sang dyah wus minggah jinêm mrik | mujung kampuhira jingga | ngêsêb-êsêb gêgulinge | tanbuh surasaning driya | baya karsaning dewa | sang dyah kêbanjiran wuyung | ginoyang ing madu brăngta ||

22. malih warnanên kya patih | ngandika mring Dyan Sêsăngka | iya sun anggêb dhèwèke | angawula marang ingwang | pirabara ing benjang | sira sun paringi lungguh | dhingin maganga kewala ||

23. nanging yèn ingsun anangkil | sirèku yya mèlu seba | kèria ing wisma bae | wantu sira anyar prapta | soso ing têmbung lampah | yèn ta kapranggul wong agung | sira mêgsih mambu desa ||

24. matur nuwun radyan mantri | kya patih malih ngandika | lan sira sun wèhi gawe | sawawêngkoning paseban | regol lan lêlurungan | poma aja kongsi jêmbrung | lan sakèhing papêthetan ||

25. patutên ingkang awingit | rampasana kang tan rampak | yya kongsi pêgat sirame | lan sira aja angambah | sajroning palataran | sigug tur durung tau wruh | pratikêle wong nèng praja ||

26. matur [ma...]

--- 114 ---

[...tur] sandika dyan mantri | malih kya patih ngandika | lawan sira ngiras gawe | ambumèni lawang jaba | lan aja lunga-lunga | dèn awas wong mlêbu mêtu | lan yèn ana wong gêgawa ||

27. dèn titi amitakoni | wruha pakaryaning lampah | lan yèn ana sandining wong | sira ingkang katêmpuhan | sawab wong tunggu lawang | sandene pala gumantung | sawawêngkoning paseban ||

28. cacahna ingkang atiti | lumrah gadhangan utama | titi patitis karyane | angêdèhi[31] tyas kang suka | yya katungkul pêpeka | dèn sêm mring pakaryanipun | tan kêna manah ngrasula ||

29. saparentah dèn lakoni | sinêdya dadia tapa | bêgtèkêna ing dewane | sabdene marang manira | radyan matur sandika | ya ta laluwaran sampun | wus mêdal Radyan Sêsăngka ||

30. ya ta parêpatnya kalih | wus samya tumut uninga | ing kyana patih karsane | Sabdapalon Genggongnaya | tandya sami mirantya | ngrampas norok bêsik lurung | anirami papêthetan ||

31. wowohane dèn brongsongi | sarwi winilang sadaya | myang têngga paregolane | sagunging wong manjing mêdal | samya kandhêg ing lawang | jomblong mulat mring sang bagus | miwah pra

--- 115 ---

wanodya ing lyan ||

32. samya sandi darbe kardi | langkung regol kêpatihan | jatine kudu wruh bae | dhatêng Radyan Damarwulan | sawiyah ing agêsang | singa mulat lênglêng mangu | ing sang akarya la-êla ||

33. miwah kusumaning ati | Rêtna Dèwi Anjasmara | noya mili utusane | sandi anamur cundaka | êmban kalawan inya | angrugti mring sang binagus | bara-bara dadi karya ||

34. sasanèskara atiti | ing purwa madya wusana | mikolèhi pitêmbunge | nanging radyan wus graita | sasolah mambu manah | kênyina ruming pitêmbung | rarasing wong awibawa ||

35. pranane anuju ati | sêmune anandhang brăngta | tur dudu karyane dhewe | radyan saklangkung jrihira | kathah tangsiling sabda | angêdohi mangrèh luput | mendah dhêndhaning juwata ||

36. sarya pamêlèhing bumi | yèn gingganga ing panyipta | muja brăngta ing Sugsmanon | sabdene anglanggatana | nalar kang tan raharja | mila sakêlangkung-langkung | sêtya tuhu mring sang patya ||

37. ya ta kang parêpat kalih | Sêbdapalon Geggongnaya | apan nutug kamugtène | kathah kang munjung panganan | kapencut ing cucutnya | samya sung jênang bêkatul | plèk-êmplèk angkêp-angkêpan [angkêp-ang...]

--- 116 ---

[...kêpan] ||

38. bulus angrêm lawan inthil | sêga giling lawuh kêthak | cabuk lawan balondhone | kathah janma ingkang trêsna | sarya èngêt ing kina | kalih kulawarganipun | ing nguni Hyang Maundara ||

39. abdi têtumbaling bumi | amusakani ing lampah | tur ingugung mring gustine | ngiras dadya langlang wija | cucut ing warnanira | Ki Sabdopalon atêdhuh | kandêl pacaking wadana ||

40. wêtêng wêkrê mata ngriyip | adhèmês tênaganira | lawan malih kang papêthèk | pantês timbula ing braja | janma warna mangkana | acucut pradhah ing sanggup | Ki Nayagenggong kawarna ||

41. cèbol kêpalang acanthik | irung sunthi bathuk banyak | angglingsêng pakulitane | netranya bundêr ngatirah | amung papêthèkira | wiraga pangadêgipun | amantêp têguh wiyana ||

42. barang kanisthane dadi | nênggih ing cangkêm larutnya | nanging mantêp karya abot | tan darbe susahan manah | tansah atêtêmbangan | sangking sêngkêl-sêngkêlipun | alêlagon roning kamal ||

23. Sinom

1. ya ta ingkang kawursita | maha sang narendra putri | siniwi ing pra dipatya | miwah ingkang tăndhamantri | supênuh kang anangkil | ajajaran [aja...]

--- 117 ---

[...jaran] tundha pitu | bandera warna-warna | amakubêng ing sitinggil | dorapati jagabela pêrangtandang ||

2. miwah wong wisapracăndha | nyangkraknyana wanèngpati | wiruta satrutama |[32] abdi têtumbaling bumi | tinon mawarni-warni | abra busananya murup | kyana patih ngandikan | minggah dhatêng ing sitinggil | miwah Radyan Sasimping wus praptèng ngarsa ||

3. ngandika prabu wanodya | paran bapa kang pawarti | Paman Rănggalawe Tuban | dènira amagut jurit | miwah Seta Kumitir | tansah sumêlang tyas ingsun | dene Paman Sindura | adigung prakosèng jurit | suprandene tiwas anèng adilaga ||

4. umatur rêkyana patya | ing pandugi kula gusti | inggih ugi bangkat karya | pun Paman Dipati Tubin | mumpuni ing ajurit | pasah dhatêng agal alus | datan kuciwèng ing prang | pun paman amitadosi | inggih ugi pasah dhatêng Menakjingga ||

5. utawi pun Layangseta | lawan pun Layangkumitir | kados tan tiwas ing karya | kalih samya mitadosi | guna sêrana ngênting | ing kadigdayan pinunjul | wignya angabên bala | ing prang botên nguciwani | inggih ugi kalih samya bangkat karya ||

6. ngandika prabu [pra...]

--- 118 ---

[...bu] kumara | èsmu srêt pamêdharing ngling | bênêr aturira bapa | nanging ingsun nulayani | karsaning juwata di | bapa kaya durung tutuk | dènnya karya lampahan | iya marang awak mami | milanira sumêlang rasaning driya ||

7. ya ta malih angandika | dhatêng Rêtna Rarasati | dhuh yayi paran wartanya | lakune Seta Kumitir | dene têka alami | pandugi kawula prabu | kados unggul ing aprang | dene ta ngantos alami | lamènira angutamakakên lampah ||

8. yèn ta upami tiwasa | kados wus atur udani | para mantri pra prawira | kang samya kinanthi jurit | ing mangke wus tawis |[33] tan wontên pawartosipun | eca lagya ngandika | maha sang narendra putri | gya kêsaru praptane Dyan Layangseta ||

9. lan Layangkumitir Radyan | sigra-sigra sang akalih | gumrubyuk sabalakuswa | praptèng pagêlaran aglis | tandya ngandikan sami | minggah dhatêng sitiluhur | lan Răngga Minangsraya | miwah Ki Menak Giyanti | praptèng ngarsa umatur Dyan Layangseta ||

10. sapratingkahing alaga | myang andhap ungguling jurit | seda Adipati Daha | miwah Dipati ing Tubin | sapatraping ajurit [ajuri...]

--- 119 ---

[...t] | ingaturakên sêdarum | purwa madya wusana | apan jinarwa wus titi | sapatute rada ngalingi sarira ||

11. ya ta sang prabu wanodya | sapandurat datan angling | duk myarsa ing aturira | Radyan Seta lan Kumitir | jêngkar sang prabu dèwi | tandya kondur angêdhatun | kya patih sigra bubar | pararya maglaran sami | tandya mijil Ni Sêpêtmadu Wilaja ||

12. andhawuhakên timbalan | dhumatêng rêkyana patih | ing mangke karsa narenda | animbali ingkang bibi | garwanira dipati | ing Tuban saputranipun | dene ingkang lumampah | Ni Sêpêtmadu pribadi | lawan wadya kliwon jawi sapangiwa ||

13. sandika ture kya patya | gya pininta-pinta sami | kang badhe dhumatêng Tuban | ya ta lurah para gusti | Wilaja malbèng puri | gya mangkat Ni Sêpêtmadu | kalawan kliwon jaba | Menak Blêdhug lawan malih | Menak Tunjung Sabuktali Datu lawan ||

14. Sabukjanur Talimimang | gancangan samargi-margi | wus lêpas ing lampahira | ya ta kang kawuwus malih | sagung ingkang anangkil | luwaran sadaya sampun | ing dalu tan kawarna | enjing Dyan Seta Kumitir | samya sowan dhumatêng ing kapatihan ||

15. gulang-gulang anèng ngarsa | kajinêman amêrapit | ginarêbêg [ginarê...]

--- 120 ---

[...bêg] balatăntra | asikêp pêdhang lamsir |[34] towok kantar suligi | talêmpak tênapi busur | ya ta sapraptanira | kapatihan regol jawi | kagyat mulat wong bagus manglong nèng lawang ||

16. cahyanya mindha sêsăngka | lir Komajaya sing swargi | karêngga dening busana | tangèh winarnèng palupi | radyan panas kang galih | wus têdhak sing kudanipun | tandya ngasta talêmpak | mrêpêgi rahadyan mantri | wadyanira angubêng samya prayitna ||

17. ngandika Dyan Layangseta | dhumatêng Dyan Damarsasi | lah sira iku wong apa | manglong-manglong anèng kori | lawan wong têka ngêndi | lan malih sapa aranmu | matur Radyan Sêsăngka | kula abdine ki patih | taksih inggal awasta pun Damarwulan ||

18. tiyang sangking Paluhămba | atmaja Udara nguni | ing mangke ulun kinarya | magang ngiras kêmit bumi | lan kinèn têngga kori | Dyan Layangseta amuwus | nadyan têtunggonira | iki lawanging bupati | nora patut tingkahmu sawênang-wênang ||

19. cêdhis desa kurang ajar | nyak-bênyunyuk tan pakering | manira nora rumăngsa | darbe cacêndhêng wong dèsi | ingsun putraning patih | mendah ta pocapanipun | darbe sanak wong desa | jaban rangkah tanpa èsi | Damarwulan matur minta

--- 121 ---

pangagsama ||

20. inggih radèn jenang sela | dèn gung pangapuntên kang sih | ing tyang dhusun inggal prapta | sumăngga yèn ngaping kalih | ing sapisan puniki | ngapuntên lêlêpat ulun | Layangkumitir sigra | amundhut kang ponang kêris | Dyan Sêsăngka èsmu mundur datan suka ||

24. Durma

1. Layangseta sakêlangkung dukanira | manêntak dènira ngling | lah mara ulungna | kêrismu mring yayi mas | yèn sira kêpati-pati | angukuhana | curiganira pêsthi ||

2. nora wurung sira tumêkèng palastra | matur Dyan Damarsasi | kadospundi radyan | duka ing kawlas-arsa | dhuwung tilaring sudarmi | karsa paduka | pundhut paran kang dasih ||

3. Radyan Layangkumitir sarêng miyarsa | talinga lir sinêbit | dhasar bêrangasan | bang-bang sring mara tangan | tan kêna pinadhan angling | sigra anumbak | dhatêng Dyan Damarsasi ||

4. wus tinampan ya ta kang godhi cinandhak | sêndhal-sinêndhal wani | Radyan Layangseta | anumbak sangking kiwa | wus katampan ponang biring | sinêndhal datan | kungkih Dyan Damarsasi ||

5. Damarwulan matur kadospundi radyan | kawula minta kang sih | bok inggih paduka | ngapura mring wong anyar | saya duka radyan kalih | anarik pêdhang | ngrasuk nabêt manitir ||

6. Radyan Damarsêsăngka [Damar...]

--- 122 ---

[...sêsăngka] mundur sing papan | pinêdhangan tan osik | wadya kajinêman | nosok sangking ing wuntat | kumrapyak kang watang pipit | Dyan Damarwulan | sariranya tan titis ||

7. Sêbdapalon Nayagenggong kinêmbulan | pinoporan ing bêdhil | kinêpruk ing lungka | bata myang sela-sela | kajungkêl kuwalik-walik | rêbah sêgsana | anulya dèn talèni ||

8. dèn lêlaran apan sarwi jinêjêgan | Nayagenggong anjilih- | jêlih[35] jinotosan | Sêbdapalon jinambak | ingungsêb-ungsêbkên siti | anggro jinêjak | ambêngok dèn gêbugi ||

9. Sêbdapalon sêsambat sarya karuna | edan têmên wong iki | dene tan sêmanak | lir satru kabuyutan | tan olèh brêkating kaki | jamak kang lumrah | wong anyar sinung inthil ||

10. mundur têka cacêngêl dèn idak-idak | Nayagenggong anjêrit | pan sarya sêsambat | nini bêlondho kêthak | kaki bêkatul lan inthil | tulungên ingwang | ingong dinulang siti ||

11. Radyan Damarwulan rinêmpak ing kathah | pinêdhang cinampuling | sinosog ing watang | tansah wayang-wayangan | sing pangrêksaning Sugsma di | sung parimarma | ing dasih kang kaswasih ||

12. radyan kalih kêlangkung [kêlang...]

--- 123 ---

[...kung] ing dukanira | wadyanya kathah mati | runjang padha rowang | caruk wor liru lawan | sing sêsêg sara mapipit | sira rahadyan | tandya ngabani dasih ||

13. kinèn mundur rahadyan kalih umangsah | sikêp pêdhang lan tamsir | kinubêng magalak | mêdhang sarya amilar | lir pêgsi prênjak tinaji | kêbat acukat | wau rahadyan kalih ||

14. Dyan Sêsăngka pinêdhangan tansah indha | sarya matur ngrêpa sih | minta pangagsama | radyan kadya punapa | niyaya dasih kaswasih | yogya ngapura | ing wadya anyar prapti ||

15. sarya indha pêdhang tinangkis ing kunca | ponang wastra tan titis | nadyan mrananana | pêdhang tumibèng jaja | lalu murub nora busik | radyan kalihnya | ing manah samya gigrig ||

16. sing wratira kinubêng ing balatăntra | merang mêdhot ing jurit | dadya pinaliwat | mêdhang sarya amilar | Dyan Săngka wus ngèsthi pati | tan lyan kacipta | mung Sugsmana Kang Luwih ||

17. sagunging wong gumuruh swara magiyak | samyalok mati-mati | manggung dêr-gêdêran | ting balêbêr wong mulat | tuwa anom jalu èstri | wong kapatihan | umung samya anangis ||

18. kyana patih kagyat ana ing paseban | putranira sinapih | aja kaki aja | iku [i...]

--- 124 ---

[...ku] sadulurira | apuranên ingkang sisip | iku putranya | kakang Udara Patih ||

19. Layangseta Kumitir sawadyanira | mundur marak sudarmi | Genggongnaya lawan | Sêbdapalon ngluwaran | wus samya tata alinggih | rêkyana patya | ngawe ing putra kalih ||

20. sampun samya binisikan putranira | Seta Layangkumitir | gya kondur kalihnya | sawadyanira bubar | para cèthi ing jro puri | èbêg nêningal | umung samya anangis ||

21. sawusira bubar gya manjing jro pura | sagung kang para èstri | sosote tan pêgat | dhatêng Dyan Layangseta | miwah Dyan Layangkumitir | ingsun tatêdha | marang juwata luwih ||

22. muga-muga dyan kalih dèn adilana | sikara tanpa kardi | baya nêmu apa | besuk radyan kalihnya | dene ta kêpati-pati | anganiaya | mring Radyan Damarsasi ||

23. ya ta malih warnanên rêkyana patya | ngandika mring dyan mantri | babo sira aja | dadi rasaning driya | dèn gung pangagsama kaki | mring kadangira | Seta Layangkumitir ||

24. dèn narima kaki titahing juwata | pirangbara ing benjing | sira manggih mulya | nanging saiki aja | grantês ing sapangrèh mami | matur Dyan Săngka | sakarsa ngong lumiring ||

25. angandika malih

--- 125 ---

sang rêkyana patya | iya ing karsa mami | jaranku sêdasa | ing mangke gamêlana | ritêna sukêt pribadi | yya kangsi kurang | padha lêmokna sami ||

26. Radyan Damarwulan umatur sandika | kya patih ngandika ris | kulup putraningwang | bangêt ingsun maminta | yya nganggo-anggo prayogi | cara satriya | iku anyikani |[36]|

27. iki lurik brakutut luwih prayoga | ginawa lunga ngarit | sêlamêt nèng marga | tan ana kara-kara | lawan iki sabuk putih | luwih utama | sêlamêt tur asuci ||

28. lawan iki kêndharat karyanên pisan | bênting luwih abêcik | taklim mring wong tuwa | rahab sinungan karya | lawan sun paringi arit | timah prayoga | marang jaran kalimis ||

29. doyan mangan tur ngêdohkên sela karang | busanamu kang lami | miwah dhuwungira | ingsun kang ngrawatkana[37] | gampang besuk yèn wus mugti | pakewuh apa | sun paringake malih ||

30. awotsêkar sandika Dyan Damarwulan | pisalin gya tinampin | namung dhuwungira | pinundhut datan suka | wus lèngsèr rahadyan mantri | ngrasuk busana | asor cara pêkathik ||

31. mung dhuwungnya tinatah kinaturăngga | rênggèng rêtna wrêja sri | pinundhut tan suka | tansah [ta...]

--- 126 ---

[...nsah] ngagêm kewala | nanging kinèn buntêl upih | aja katingal | dadya wor lan pêkathik ||

32. sru kaswayun Rahadèn Damarsêsăngka | enjing gya kesah ngarit | kranjangnya sadhêpa | midrê ing agêngira | sadina wangsul kaping tri | parêpatira | mikul sarya anangis ||

33. suprandene samarga atêtêmbangan | singa non wêlas-asih | apan Dyan Sêsăngka | narima ing Sugsmana | kinarya lakon nèng bumi | sinêdya tapa | sapangrèh dadya puji ||

34. pamujine Sugsmana ingkang winênang | ulun tan nampik milih | ing pikarsa Tuwan | dasih datan rumêngkang | ngong pasrah kang murbèng bumi | kang karya titah | ingkang angsung artati ||

25. Dhandhanggula

1. kawarnaa Rêtna Banowati | garwanira Rănggalawe Tuban | pinarak lawan putrane | Sêkati Sang Rêtnayu | aprituwin kang para sêlir | ya ta Sang Banowatya | tansah angêmu luh | tan eca raosing driya | sapungkurnya kang raka umangkat jurit | tansah amêlang-mêlang ||

2. sampun sapta dina siyang ratri | wulan surya rambah kaping tiga | grahana sasi sêdene | ngrêmêng akasa têdhuh | pracalita kilat lan thathit | siyang-siyang gumêbyar | dhandhang [dha...]

--- 127 ---

[...ndhang] munya ngungkung | pêgsi-pêgsi mencok ing pang | samya agring sêdène kitiran putih | manggung èrêg swaranya ||

3. sêkar datan ana babar sami | tunjung-tunjung akuncup yèn enjang | kang pucang kuncup mayange | pêpêthetan samyalum | èrêm-èrêm kang bun tumitis | wimbuh Sang Banowatya | nyupêna ing dalu | katingal sang adipatya | akasukan lan sagung kang pra dipatya |[38] anèng pinggir samodra ||

4. sinewagara kang para mantri | gya cangkrama nitih panggêritan | bêdhati sinang isthane | jingga agêming kampuh | saya cêlak lawan jêladri | tandya ngancap anêngah | sabalakuswa nung | Sang Rêtnayu Banowatya | anututi nanging datan dèn lilani | malah ngantya dinukan ||

5. mêgsa nusul nanging tan tinolih | sang dipati sawadya murcita | kèrêm ing laut sirnane | kasêlak sang dyah wungu | măncadrasa waspa drês mijil | supêna winaonan | ing galih mangungun | mila sangsaya sungkawa | duk sêmana ingkang putra kalih prapti | sing wana pagrogolan ||

6. wus miyarsa yèn tinilar jurit | radyan putra genira sing wana | wus pitung dalu lamine | tandya sowan mring ibu | praptèng

--- 128 ---

ngarsa rahadyan kalih | têtanya rèhing rama | jinarwanan sampun | mring ibu Sang Banowatya | embah radyan ingarêm-arêm ing galih | kang putra suka myarsa ||

7. Dyan Buntaran gumujêng sarya ngling | sira ri mas besun[39] nuwun apa | ing rama olèh-olèhe | Radyan Watangan matur | benjang kula nuwun turanggi | pamburon kawan dasa | kang samya gêngipun | paduka nuwun punapa | raka nêbda yayi ingsun nuwun gundhik | putri atmajèng raja ||

8. ingkang akèh ingkang kuning-kuning | ingkang dêdêling ingkang mêjana | lawan kang padha gandhange | kang lênyêt liringipun | kang jatmika wignya mikat sih | iku pan rêmên ingwang | kinroyok ing pupuh | anggalakakên ing mêngsah | luput êmoh ingsun sanggup dikaroni | tiniga saya sura ||

9. samya mèsêm sagung para bibi | radyan dadya panglipur sungkawa | cucut ing pangandikane | tur gadhangan binaut | Dyah Sêkati ngewani liring | ya ta Sang Banowatya | tan liyan kang ketung | amung ingkang ulah yuda | eca lagya ngandika rahadyan kalih | kasaru praptanira ||

10. abdi panongsong pun Wăngsapati | mungub ing kori lan Gathul Dêmang | dyan putra awas tingale |

--- 129 ---

ingawe kalihipun | ingkang ibu lan para sari | kumêsar galihira | kanyanan ing kalbu | dene panongsong kang prapta | Sang Dyah Banowati waspanya drês mijil | datan kêna ingampah ||

11. praptèng ngarsa Wăngsapati aglis | anungkemi ing padanya radyan | awor karuna ature | gusti pukulun atur wruh |[40] kangjêng rama paduka gusti | kasambut ngadilaga | seda ing apupuh | dene Raja Menakjingga | kunarpane rama paduka binêsmi | lan layone dyan patya ||

12. pra dipati tumpês angêmasi | saha balakuswala gêmpuran | dene wong wetan yudane | Prabalingga gèn pupuh | ya ta sira pun Wăngsapati | sawusnya tutug turnya | aniba gya lampus | Sang Banowati kantaka | Dyah Sêkati anjêrit gubêl kang rayi | gègèr wong jroning pura ||

13. umyang gumuruh swaraning tangis | para sêlir samya bilulungan | warna-warna sêsambate | wênèh niba tan èmut | wênèh ana kang ngrontog wèni | wênèh amala jaja | akathah liripun | sawênèh sêsambatira | dhuh pangèran tan wêlas dhatêng kang cèthi | ulun tinilar seda ||

14. kang sawênèh sêsambating tangis | dhuh gustiku Dipati ing Tuban | nora nyana nora dimpe | kêsambut [kêsambu...]

--- 130 ---

[...t] ing apupuh | nora măntra ing nguni-uni | dene pangandikanya | tan lawas gya rawuh | sapa gusti sun tatênga[41] | lawan sapa gusti ingsun kawulani | wênèh sambatirèng dyah ||

15. dhuh pangeran ulun tumut lalis | datan sagêd ngabdi kakung liyan | antènana kawulane | wênèh sêsambatipun | dhuh gustiku sang adipati | duk arsa tindak duda | mamriyêmbada nrus | angasih-asih kang sabda | kawulane sinugun ginusti-gusti | sun sidhêp tulus mana ||

16. kang satêngah sêsambating èstri | dhuh gustiku kang bagus utama | kang asih marang cèthine | bêg darma mong tumuwuh | angecani manahing èstri | ulun durung rumăngsa | amalês sihipun | ing sapta-sapta pan janma | sun tan nyipta angabdi liyaning gusti | sanèsing sang dipatya ||

17. Dyan Watangan apêtêng kang galih | dening ibu tansah kapidhara | saya ngrês myarsa sambate | sagung kang para arum | wênèh bondhèt mring radyan kalih | tênapi ingkang raka | Sêkati angrangkul | sêsambatnya mêlas-arsa | Dyan Buntaran anggêglêg tan kêna angling | waspa drês tibèng jaja ||

18. sêsambate Dyah Rêtna Sêkati | katuwone rama raganingwang | kèri lola satêmahe | sapa kang sun sêsugun | lawan sapa [sa...]

--- 131 ---

[...pa] kang sun ladèni | rama dene atega | nilar marang ingsun | dene ta dadya wanodya | ingsun ri mas arubêt kabotan tapih | tan bisa nusul ing prang ||

19. nora bisa nagih lara pati | ingsun yayi mring Sri Urubêsma | dene ingsun dadi wadon | dewa banjutên ingsun | susulêna rama dipati | mênyang ing ariloka | nora bisa kantun | ya ta kang rayi kalihnya | ing tyas gêmpung angadêg suraning galih | myarsa sambating raka ||

20. Dêmang Gathul wus kinèn ngrumati | mring kunarpanya Ki Wăngsapatya | atênapi ing somahe | wus sinung reyal satus | radyan kalih sêgsana mijil | amêpak wong kanoman | wolung dasa sampun | samêgta ajêjaranan | Dyan Buntaran Watangan mangkat sêdasih | dhatêng ing pambarisan ||

21. nandêr nungklang asamargi-margi | ya ta sampun lêpas lampahira | gênti ingkang winiraos | praptane Sêpêtmadu | nagri Tuban ambêgta joli | tandhu lawan jêmpana | ing pura tumanduk | nimbali Sang Banowatya | saputranya samaru lan para sêlir | nanging radyan wus mangkat ||

22. Sêpêtmadu wus sipêng saratri | anèng Tuban kawuwusa enjang | Banowati saputrane |

--- 132 ---

kêlawan kang para rum | tandya mangkat wahana joli | tandhu lawan jêmpana | samarga asêlur | dhinèrèk wong Majalêngka | kawuwusa maha sang narendra putri | lagya miyos sineba ||

23. mênggêp ing witana di rinugmi | Rarasati lan rêkyana patya | sumiwèng ngarsanèng sinom | ing paglaran supênuh | pra nararya răngga dipati | maha sang prabu rara | dhawuhkên sêbda rum | anjênêngkên para menak | pra dipati kang karèh Daha nêgari | linumrahkên ing bala ||

24. putranira kang samya gêntèni | kang tan darbe putra kadang wăngsa | nunggak sêmi sanamane | para menak tumênggung | ingkang karèh ing kyana patih | wus sami ginêntenan | putra kadangipun | kang balik pêjah ing aprang | ing Madiun abdi sanès kang gêntèni | nanging nama lir lama ||

25. wus mupakat wadya kang anangkil | Pranaraga Căndrakètu lawan | Endrajaya lan malihe | ing Wajak angun-angun | Menak Ngrawa Surănggapati | Kalangbrèt Nilapraya | Trêsana Kalungkung | ing Sarêngat Bagaspatra | Giwangkara ing Mambêng Madiun kalih | ran Gajah Têpèngsara ||

26. sisih lawan Menak Balaruci | Brajamusthi nagri Jagaraga | saha myang Surabayane [Sura...]

--- 133 ---

[...bayane] | ngabèinira wolu | karèh dhatêng Dyah Rarasati | umung para pandhita | ajar myang manguyu | guntung wasi janggan-janggan | myang bêbuyut êmpu mêlandang ngèstrèni | ngèstuti pujamăntra ||

27. gya kêsaru Sêpêtmadu prapti | ngirit garwanya Dipati Tuban | lawan putranya sang sinom | Sêkati myang para rum | wus ngandikan minggah sitinggil | sang nata miyak gobah | anglela kadulu | kang bibi Sang Banowatya | lan Sêkati lumajêng atawan tangis | lir rugma tibèng toya ||

26. Maskumambang

1. anungkêmi ing padanya prabu dèwi | ngungsêb-ungsêb tansah | sêsambatira kaswasih | kang bibi lan Dyah Sêkatya ||

2. prabu rara sêklangkung ngrês ingkang galih | ketang trêsnanira | gya tumrun sing dhampar manik | tansah kumêmbêng kang waspa ||

3. sêbdanya rum yayi Sêkati ywa nangis | paman adipatya | antuk sihing Sugsmana di | amanggih swarga kang mulya ||

4. rèhning paman seda madyaning ajurit | mapag ing wong arda | kang sinatru ing dewa di | iku nglabuhi utama ||

5. wus pinasthi juwata ingkang linuwih | wong kêsambut ing prang | mêgati sukêring bumi | swarga tanpa kira-kira ||

6. mulya [mu...]

--- 134 ---

[...lya] têrus yayi paman adipati | musakani ing rat | anggêlar mulyaning bumi | among tuwuh trus budyarja ||

7. sih ing sama ngrêsêpakên para rêsi | mule ing pandhita | arja ingarjakkên tyas sih | asih ing wong budi tama ||

8. pira-pira yayi paman adipati | dènnya olah praja | sarta kang praja samèdi | pangguh-panggah ing ubaya ||

9. tur sêmbada abêgtine ing Sugsma di | andina datansah | ing kasucèn susela di | mrih adining ariloka ||

10. marêming tyas Sang Rêtna rara Sêkati | malih angandika | sang prabu rara mring bibi | bibi pundi putra dika ||

11. Ki Buntaran Watangan datan kaègsi | matur Banowatya | gusti wus anusul jurit | mugi gusti ambangsulna ||

12. yèn kenginga arinta kang derah pati | panuwun kawula | pukulun darbea karsi | yya kêlajêng kawlas-arsa ||

13. animbali gusti sampun ngantos jurit | pun paman wus seda | ing mangke arinta kalih | sumêdya alabuh pêjah ||

14. yèn ngantosa gusti kêlampahan lalis | paran polah ingwang | sintên kawula gendholi | lan sintên kang ngimpunana ||

15. kadang warga sêntana wadya ing Tubin [Tu...]

--- 135 ---

[...bin] | lan dene yèn wusa | diwasa tega pun bibi | de magsih jaka taruna ||

16. angandika maha sang narendra putri | bibi bênêr dika | sun ngutus nusul si yayi | ywa nganti kêpara tiwas ||

17. prabu rara wus pinrak ing dhampar malih | ngandika mring patya | sapa bapa kang prayogi | sun utus nusul yayi mas ||

18. Kyana Patih Lugêndèr matur wotsari | gusti yèn sêmbada | lan karsa paduka gusti | yogi Răngga Minangsraya ||

19. lan pun yayi Menak Giyanti prayogi | sarya ambêgtaa | sakancanira wong jawi | prabu rara angandika ||

20. iya bapa manira iku marêngi | anging umangkata | iya ing sadina iki | ya ta sawusnya ngandika ||

21. prabu rara wus jêngkar gènnya tinangkil | kundur angêdhatyan | ginarêbêg ing pra cèthi | manggung tênapi bêdhaya ||

22. saha nganthi kang rayi Sang Dyah Sêkati | wuwusên ki patya | wus maglaran aminta wis | bupati ingkang lumampah ||

23. adipati kêkalih Menak Giyanti | Răngga Minangsraya | wus mangkat sing păncaniti | kawuntat ing Majalêngka ||

27. Pangkur

1. sinêrot anèng ing marga | Răngga Minangsraya Menak Giyanti | gêgancangan [gêgancang...]

--- 136 ---

[...an] lampahipun | samêgta ing ayuda | dyan warnanên Urubêsma Sang Aprabu | miyos anèng sokasana | supênuh wadya kang nangkil ||

2. amacak kawula bala | sêsulihnya pra menak pra dipati | kang samya tiwas ing pupuh | sampun samya kagêntyan | pêpilihan êndi wadya kang dibya nung | kang têguh timbul ing braja | samya ingangkat dipati ||

3. malah akurang nêgara | mila ngantos pinaro pinra katri | nagri ing satunggilipun | malah pinra sêkawan | ingkang agêng kang nagri pinara wolu | nanging pra raja ing sabrang | kang atiwas ing ajurit ||

4. tan ana ingkang gumantya | pan ing mangke Sang Prabu Urubêsmi | wus minta kang para ratu | miwah kang pra dipatya | kinèn samya angrupak jajahanipun | nagari ing Majalêngka | dene ta sang Urubêsmi ||

5. eca anèng Prabalingga | akasukan nutug raina wêngi | ya ta ing panyiptanipun | maha sang prabu rara | dimèn miris nungkula sangkaning alus | mila kinèn ambêbahak | kewala kang têpis-wiring ||

6. wuwusên Radyan Buntaran | lan Watangan kang arsa labuh pati | prajuritnya wolung puluh | ingangkat wong kanoman | tur ta samya tindak sêntana sêdarum | sêpalih [sê...]

--- 137 ---

[...palih] asikêp tinggar | kang sêpalih sikêb biring ||

7. samarga-marga karuna | kang prajurit sêdya alabuh pati | ya ta sira Dêmang Gathul | pamomongnya rahadyan | janma sêpuh binandrê ing lampahipun | gigitanira wus têlas | angomplèh samargi-margi ||

8. brêbês mili cêlangoban | ting darêjêt balung lir dèn lolosi | kudane jojog angunthul | ngantuk aparenggotan | mêlèk-mêlèk yèn kudanira kêsandhung | anjanggirat guragapan | sawusnya angantuk malih ||

9. trêkadhang kang kuda nasak | sira dêmang kagyat kacanthèl ngêri | riyak umbêl dadi mungsuh | watuk kasêlak-sêlak | suprandene nora suda ungasipun | bote wong duwe momongan | labête wong nora gigit ||

10. lèknya binênjèng kewala | nanging mêgsa sumurup ponang manik | sêmana radyan wus rawuh | nagri ing Pasêdhahan | ring sangsaya binandrêng ing lampahipun | wuwusên kalih dipatya | sira Si Menak Giyanti ||

11. lawan Răngga Minangsraya | wus nututi dhatêng rahadyan kalih | dèn lancangi lampahipun | radyan gya ingadhangan | Răngga Minangsraya Giyanti amuwus | dyan kalih

--- 138 ---

tampi timbalan | kang pangèstu prabu dèwi ||

12. Radyan Buntaran Watangan | matur nuwun abukuh nèng turanggi | Sraya Giyanti amuwus | jêngandika ngandikan | radyan kalih dhumatêng ing Majalangu | kanggêg Buntaran Watangan | tan mawi mangsuli angling ||

13. Giyanti lan Minangsraya | malih ngucap suwawi radyan kalih | sarênga ing lampah ulun | sangêt timbalanira | prabu rara tuwan tan kalilan magut | rêbut rok lan Menakjingga | dene ta rahadyan kalih ||

14. dèrèng mêmpêng kang diwasa | ina nistha lamun tiwas ing jurit | kêlara rama pukulun | yuda lan Urubêsma | mila radyan ngandikan mring Majalangu | kaping kalihnya sang nata | sangêt kasêngkêlan galih ||

15. sedane rama paduka | mangke wêwah radyan mangsah ing jurit | yèn tiwasa ta pukulun | kasambut ing alaga | kadospundi maha sang kumaraning rum | sungkawa têmahan kadya | suduk gunting tatu kalih ||

16. mangsuli rahadyan putra | wus jamake atma lanang nglabuhi | silih rok madyaning pupuh | yèn datan kêlampahan | ulun merang sêsamining ngong tumuwuh | satriya takut ing pêjah | kaya dudu trah prajurit ||

17. punapa ta

--- 139 ---

walês ingwang | mring jêng rama ing anak kênèng bumi | lamun ta ajrih ing lampus | ngur matia duk jabang | sira Menak Giyanti juwêt kang wuwus | nadyan radyan apêranga | yèn wus pilênggah ing Tubin ||

18. sêmbada ing adilaga | sugih bala ngrekakkên[42] pra dipati | pra menak para tumênggung | sumbaga jayèng rana | lamun tiwas tan sinurak ing dewa gung | labête nglabuhi wawrat | sêmbada ingran prajurit ||

19. yèn paduka paripêgsa | dadya ngamuk punggung kurang utami | sintên kang lêmbaning pupuh | mêdal sangking ing wawrat | barangkarya datan tilar wawratipun | radyan kalih ngucap sugal | pasrahna ing juwata di ||

20. yèn rinusak ing Sugsmana | sintên ingkang wignya ngrêksèng pêpati | yèn rinêsa ing dewa gung | sintên ingkang angrusak | pati urip myang dawa cêndhaking umur | wus pinasthi ing Sugsmana | titahe darma nglakoni ||

21. solah bawaning manungswa | atas Sang Hyang Sugsmana kang akardi | Răngga Minangsraya muwus | nadyan karsaning Sugsma | wênang nampik milih arjaning linuruh | tan marentahakên salah | tan lyan mupangat kang pinrih ||

22. sumambung Radyan Watangan | nadyan sêdya amrih mulya nèng bumi | yèn gingganga tekatipun [te...]

--- 140 ---

[...katipun] | nora nglabuhi basa | dyan mulyaa mulya sapa ingkang angsung | tur măngsa linanggêngêna | yèn wong tan nglungguhi puji ||

23. ing mangke puji manira | pêjah sokur urip langkung prayogi | nanging wus sêdya acucuh | paran ngunduri sabda | tur sabda trus sumendhe ing dewa agung | punika ingkang utama | lêlabuhan wong nèng bumi ||

24. Menak Giyanti angucap | datan kenging radyan wong anèng bumi | sumendhe karsèng dewa gung | dewa tan duwe karsa | luwih-luwih ciptane kang duwe kayun | kayune ingkang sêmbada | samurwate kang pinuji ||

25. Radyan Buntaran brêmantya | nabêt kuda saha bala wus gêndring | praptèng bêngawan manggêbyur | nglangi kang ponang kuda | wadya wolung dasa tan ana kang wiguh | katisên Ki Gathul Dêmang | nanging tan pisah lan gusti ||

26. sêmana radyan wus prapta | awu tilas pambêsêming sudarmi | gya mudhun sawadyanipun | ngruruh tulanging rama | tan pinanggih tandya na swara anguwuh | babo radyan sudarmanta | wus minggah ing suwarga di ||

27. saklayone wus binêgta | aprituwin pra menak pra dipati | prajurit kang wani lampus | kang awas ing budyarja | nyawanira wus minggah [ming...]

--- 141 ---

[...gah] swarga sêdarum | sakèndêle ponang swara | radyan gya nitih turanggi ||

28. anandêr sawadyanira | adipati Majalêngka tut wuri | sangking katêbihan samun | gantya kang winursita | wong bang wetan kang ngingkut ing Majalangu | wong Mêkasan Basutăntra | Dewa Pêrlagi ing Kêling ||

29. lawan Buta Ongkotbuta | myang pra menak anyar ingkang angsal sih | andêl tos-tos wuwu jitus | tau tinatah mêndat | ngracak biring akramas obat lan busur | manaut lamêng kulewang | galak para cêkak budi ||

30. Mangrupagsa Wirubraja | Brajapati lan Menak Gajah Srênggi | Trajudhêndha Dhêndhakètu | lan Menak Bimakendra | Bayugora Krêdabayu Bayukètu | Mamangdraya Drayuwila | Wirudhêstha Dhêsthapati ||

31. Macanlaut Singadara | Antulaut Wedangsêgara tuwin | Lindhuparang Lindhuwulung | lan Menak Gala-gala | Gêndhangantru lan Menak Kêndhanggumulung | samêgta sikêping yuda | lir sêgara tanpa têpi ||

32. ingkang sinêdya ing lampah | măncanagri kidul kang dèrèng balik | pan arsa ingawut-awut | sêmana lampahira | gya kapêthuk Buntaran Watangan ngamuk | putranya Dipati Tuban | wolung dasa kang prajurit ||

--- 142 ---

33. dyan kalih samya angrêmpak | sikêp watang singa katrajang gusis | wadya dhomas sarêng ngamuk | ngêdrèl samya anumbak | anggulasah wong wetan kathah kang lampus | mawur-mawur asar-saran | pating balocor wong kanin ||

34. wong Tuban sapêrti setan | pangamuknya amêrêm sarya nangis | asambat ing gustinipun | adipati ing Tuban | para menak pra răngga para tumênggung | angokol amangsah dharat | tan ana sêdya gumingsir ||

28. Durma

1. sawadyanya sêdaya asarêng mara | bêndhè tinitir-titir | suraknya gumêrah | têtêg ambal-ambalan | kadya alun nêmpuh wukir | gumruh gumêntar | mangêbyuk sagung dasih ||

2. maju rampak makubêng atêpung gêlang | numbak mangrutug bêdhil | manowok mêmanah | nyuligi anyêrampang | masêr nulup anyampuling | wadya ing Tuban | kathah longe kang mati ||

3. kukus pêtêng mimisira kadya kilat | gêbyaring sara kadi | kala marcu lumrang | magêdêr maputêran | wong Tuban agolong pipit | alêlumbungan | kinarya lesan mimis ||

4. suprandene tan ana mundur sajangkah | gya manrot gênti kêris | atumbak-tinumbak [a...]

--- 143 ---

[...tumbak-tinumbak] | manglut pêdhang-pinêdhang | kèkèt magarot mangungkih | kuntus kinentas | tan ana ngeman pati ||

5. rukêt caruk-acaruk gagap-ginagap | mungsuh rowang wus sami | bingung ingkang yuda | singa ingkang kacandhak | goco-ginoco wor mati | sosrah gêlasah | kadya babatan pacing ||

6. radyan putra kudanira samya pêjah | ginagap karo kêris | Wirubraja pêjah | pun Basukendra lawan | Brajapati angêmasi | myang Lindhuparang | Lindhuwulung wus lalis ||

7. Bayugora Gêrdabayu sampun pêjah | pun Bimakendra mati | Basukendra pêjah | Dhêsthapati Dhudhêstha | apan sampun angêmasi | pun Mamangdraya | pun Drayawila mati ||

8. Angkatbuta Kotbuta Rajèng Mêkasan | Sang Basutăntra Aji | Rajèng Kêling dewa | Pêrlagi[43] bêg sarosa | Mangontama Pilinggandhi | nglamêng mamêdhang | gada bindi mawanti ||

9. datan osik radyan kalih kinêmbulan | pracayèng ing Sugsma di | anglindhung ing dewa | singa ginagap pêjah | Radyan Buntaran caruk kris | lan Basutăntra | Watangan lan Prêlagi ||

10. rok makuwêl sang Basutăntra wus pêjah | Dewa Prêlagi lalis | radyan kadya yêgsa | mamuk mamunah janma | Buta [Bu...]

--- 144 ---

[...ta] Kotbuta mangungkih | makendra makyat | cangklèt pêdhang mawa kris ||

11. samya têguh ungkih-kinungkih magalak | radyan wus wuru gêtih | Kotbuta lumumpat | pun Angkatbuta milar | kalih samya angunduri | bala mangrêmpak | dyan kalih dèn popori ||

12. ing sanjata saya dangu saya sayah | gumêtrê radyan kalih | astanya ngêmu rah | ukirannya wus pêcah | kang mupuh datan dèn gopi | sêgsana rêbah | radyan watangan aglis ||

13. gya tinubruk ing Katbuta gya binănda | Radyan Buntaran ngungkih | ngamuk lawan asta | tinubruk ing ngakathah | Kotbuta ingkang nalèni | wadya kanoman | siji tan ana urip ||

14. namung Dêmang Gathul ingkang mêgsih gêsang | gulung awor lan mayit | ya ta sarêng mulat | radyan kalih kacandhan[44] | Ki Dêmang Gathul anjêlih | mêrpêgi radyan | sarya ambuwang kêris ||

15. buwang kampuh awuda kantun cêlana | sigra dipun popori | ing sanjata Dêmang | Gathul sampun binêsta | katur mring Katbuta patih | bêstan têtiga | jinèjèr ngarsa sami ||

16. Dyan Buntaran Watangan asru manêbda | Buta Katbuta anjing | ingsun patènana | belakna ing jêng rama | ingsun aja [a...]

--- 145 ---

[...ja] dèn uripi | lah age mara | patènana wak mami ||

17. yèn wus mati mustakaningsun saosna | marang si menak baring | rêrêgêting jagad | dhapure lir wrangutan | sêmbada raimu kalih | kaya wêraha | payo tigasên mami ||

18. èsmu merang ki patih asru anyêntak | aja bribini kuping | dene wus binêsta | têka kagila-gila | besuk nèng ngarsaning gusti | tan wurung sira | amêsthi dèn patèni ||

19. Dyan Watangan angucap saiki mara | patènana dèn aglis | Angkatbuta nêntak | aja carèwèt sira | aja akon amatèni | tan wurung sira | ing mêngko sun patèni ||

20. Dyan Buntaran abudi sigra anjêjak | dhatêng rêkyana patih | Kotbuta kang jaja | ampêg tan bisa ngucap | gya kinèn ngundurkên aglis | mring Prabalingga | ponang babêstan katri ||

21. kang ingutus kajinêman kawan dasa | lêlurahnya kêkalih | pun Udanprahara | lawan Baratkatiga | radyan lumêpas wus kering | sira Kotbuta | Katbuta nglurug jurit ||

22. saha bala sakuswala tandya budhal | menak răngga dipati | warnanên Ki Răngga | Minangsraya lan Menak | Giyanti kang mêndhêm baris | mêpêti marga |

--- 146 ---

tandya rok silih-ungkih ||

23. suraknya wor têngara munya sauran | kadya ngrubuhna langit | gong maguru găngsa | têtêg kadya butula | brêg-binêrêg silih ungkih | pentar-pinentar | caruk biring-biniring ||

24. kathah pêjah wong kulon lawan wong wetan | brêg-binrêg ingkang jurit | makuwêl gap-gapan | wong Majalêngka bubar | mantri jaba kathah mati | kidang gayoran | lawan pun kidang gathik ||

25. Menak Sondong Menak Tunjung Talimimang | nênggih ingkang ngêmasi | wus bubrah sumêbar | lumayu asar-saran | wong wetan manglut mangungkih | gênti kawarna | sira Sang Urubêsmi ||

26. eca lagi siniwi ing sokasana | pêpak kang tăndhamantri | dhaèng para lurah | lir samodra bêlabar | kang anèng ngarsa dipati | Sri Baudhêndha | ring Sang Madura Aji ||

27. lan Sri Bali Bêthara Gung Walikrama | kasaru duta prapti | pun Udanprahara | lawan Baratkatiga | tinimbalan praptèng aji | sarya ambêgta | bêstan satriya kalih ||

28. lawan êmbanira satunggal binêgta | sumaos ngarsa aji | Buntaran Watangan | jêjêr tan purun lênggah | ebat sagung kang ningali | bagus sêmbada | ladak [lad...]

--- 147 ---

[...ak] tan ajrih pati ||

29. Sang Sri Bêsma suka gumuyu alatah | ningali radyan kalih | iki kadangira | Ratyayu Majalêngka | aladak tan gêlêm linggih | mendah ta ingkang | darbe santana mêsthi ||

30. patang mono wong ayu ingkang wibawa | tur gungan marang mami | yèn kalane mothah | angicak-icak pangkyan | pantês ngidoni rêrai | sapa wêruha | rasane ingkang ati ||

31. Sang Sri Bêsma tanya mring Udanprahara | radyan duk ingajurit | ing sasanèskara | sampun katur sadaya | alatah Sang Urubêsmi | Radyan Buntaran | Watangan asru angling ||

32. Menakjingga raimu lir wêrangutan | lah patènana mami | belakna jêng rama | mara-mara untapna | ingsun nora bisa kèri | aywa klayatan | tigasên murda mami ||

33. latah-latah guguk Prabu Urubêsma | pa gene dèn patèni | mendah dukanira | ratu sasotyaning rat | pantês tan carêm tumuli | kêlamun sira | padha tumêkèng pati ||

34. radyan kalih akêras dènnya ngandika | lah mara menak anjing | patènana ingwang | sêdene pra punggawa | matane pating pandêlik | tan wani nrajang | payo cacakên mami [ma...]

--- 148 ---

[...mi] ||

35. singa mulat punggawa jomblong sêdaya | ebat bulu dyan kalih | langkung kumasura | tan ana dèn sawawa | ngandika Sri Urubêsmi | inggal aturna | Pamênggêr sang ayogi ||

36. rinêgsaa ing sasandhang-panganira | nanging dèn ngati-ati | ayya kongsi gagal | sarta ywa kongsi pêjah | sêdene sira nèng margi | dipun prayitna | aywa kongsi bilai ||

37. duta mêsat datan kawarna ing marga | Ardi Sêmèru prapti | pratapannya Sang Hyang | Pamênggêr duta nêmbah | angaturakên dyan kalih | ngungun sang tapa | mungguh dadining jurit ||

38. boting trêsna ayêyoga sang pandhita | radyan kinunjara glis | kang kunjara waja | ing jawi tinuguran | patpuluh samya miranti | wong kajinêman | Dêmang Gathul nèng jawi ||

39. tan tinaha dene janma wus atuwa | ya ta wus kalih ratri | ki dêmang miruda | ngupaya sraya ingkang | sujanma guna sinêgti | ingkang supaya | wignya ngrêbat dyan kalih ||

40. siyang dalu Ki Dêmang Gathul lumampah | datan anyipta urip | anasak ing wana | ajrih mêdal ing marga | yèn kadênangana iki | wong Bêlambangan | mila nasak wanadri ||

41. duk [du...]

--- 149 ---

[...k] sêmana ki dêmang awas tumingal | babadan anyar dadi | alaju ki dêmang | tandya ningali sêndhang | ki dêmang sukèng jro galih | sampun rumăngsa | bakal mangan rêjêki ||

42. pirangbara ana janma wade apyan | wêruh rasaning gigit | nulya wontên tiyang | èstri ngangsu mring sêndhang | ki dêmang atanya ririh | sintên kang gadhah | babadan anyar kègsi ||

43. kang tinanya mangsuli punika radyan | dyan arya kang darbèni | Dipati Lumajang | têtruka anèng wana | duk binêdhah Urubêsmi | kasoran ing prang | sang anom nèng wanadri ||

29. Sinom

1. wuwusên Dyan Menak Koncar | kang tatruka nèng wanadri | pan sampun angsal tri căndra | tansah anggêgabah dasih | prandene nora lali | kêlangênan abên sawung | miwah ngabên dherekan | sinambi angabên pêgsi | lamun dalu tan pêgat dènnya babêgsan ||

2. tamèng jêbêng miwah panah | tênapi gambuh sarimpi | bêdhayan atêtandhakan | siyang dalu dhahar larih | kêlawan ingkang abdi | wong trunalanang sêdarum | pinuja kasuranya | kang ngladosi para sêlir | kawan dasa samya endah warnanira ||

3. patmènira mung sêkawan |

--- 150 ---

ingèbèr tan ngangge wadi | sêmbada ing warnanira | sêmune dèn iming-iming | mring sagung kang ningali | akarya brăngta wulangun | kayungyun singa mulat | garwane papat sinandhing | ayu-ayu sêdhêng nome cumêngkrama ||

4. kang sêpuh putri Mêkasan | aran Dèwi Angronsari | sing Acih ingkang panênggak | ingran Sumarsanawati | panêngahira sangking | Siyak ingran Mayangsantun | pamêkas ing Mrêtisa | ingran Nyonyah Mantarsari | ngracak kabèh garwa sêlir kagok nyonyah ||

5. pênganggone sêsabrangan | bedane lan sabrang yêgti | namung waja lawan sinjang | sêngkangira cara Jawi | anracak agêr èstri | basane cara Mêlayu | satêngah basa Bandar | dyan arya tuhu ambênthing | bocah cikcar sugih bojo kuwarisan ||

6. pan wus panggêsanganira | dènnya kulina ing èstri | abancar para ancikan | tan kêna towong saratri | anggrê rèha karêsmi | sadina ambal ping pitu | sadalu kaping sanga | yèn kurang angolang-aling | angur wuwuh êndême anglêr kewala ||

7. yèn êsês pacitanira | pistul sarya dèn mimisi | sinungsun jêthoting jlagra | mimis riniyakkên mijil |

--- 151 ---

tibèng sêsaka titis | anratas ing gêbyog butul | anulya inginuman | brênduwin lawan pêpait | gêlasira sajênthik isi satêngah ||

8. tinutuh ing hèr tèh panas | apan tèhira siyongking | cangkire sanyamplung patah | sinambi angaras rabi | ing mangke radyan mantri | wus pinêdhot êsêsipun | kantun nguntal kewala | sabên enjing rolas ranti | pêndhak sore awan esuk nora beda ||

9. kajawi yèn manggih karya | amêsthi dipunsusuli | saêjam ngunjuk sapisan | binobot lan wrating karyi | punika tur jêjampi | anggi-anggi kang binubuk | kinarya saprapatan | kang saduman anggi-anggi | jinantonan candu ingkang têlung duman ||

10. sêlamèni radyan arya | duk kasupit nyidra pati | punika lajêng sêngara | tinobatakên madati | winawratan prayogi | nyuda kaprawiranipun | lêsu tur cêkak napas | bêncirih ingkang sêsakit | ewuh-aya arubêt yèn ana karya ||

11. mila ngantya sapunika | mantun êsês wong abênthing | kajawi nuju tamuan | tuwin animbali dasih | nglêbêti mung sakêdhik | ngecani sarating patut | tênapi yèn sêsanjan [sêsanja...]

--- 152 ---

[...n] | satriya adarbe kardi | pangangguran kewala ngecani manah ||

12. amrih rahabing pangucap | kinarya angudi pikir | têpung bêcik padha sanak | punika êsês dyan mantri | lumayan wong madati | bisa ngomong tanpa nganggur | cacade mung satunggal | raga rusak tur bancirih | yèn kêtlangso lali sanak bapa biyang ||

13. ya ta ing satunggal dina | radyan lagya ngabên pêgsi | lan wadyane trunalanang | tohira gêgocon kêris | anèng ing tarub jawi | ingiring gundhiknya wolu | angampil gănda wida | pawohan miwah sêsumping | lawan nyăngga brênduwin lan pamojokan ||

14. atênapi talam gêlas | kang juru ciyum anggilir | gêndhingnya munya angraras | clêmpung rêbab lawan suling | calapita myang kangsi | katipung ukur dinumuk | patut padha kêrasa | tandhake anyênyindhèni | wadyanira ing manah samya gambira ||

15. ya ta kasaru kang prapta | Têmang[45] Gathul tawan tangis | sumungkêm padaning radyan | sêsambatira mlas-asih | kagyat rahadyan mantri | bapa apa purwanipun | sira prapta ing wana | nungkêmi pada anangis | wus linggiha bapa matura maringwang ||

16. Ki Dêmang Gathul tur sêmbah | gusti kawula atur wrin | rama paduka ing Tuban | ing mangke kapupu jurit | lan [la...]

--- 153 ---

[...n] Urubêsma aji | sabalatăntra agêmpur | pra menak têtumpêsan | satunggal tan wontên kèri | kuwandane rama paduka ingobar ||

17. wontên madyaning paprangan | arinta rahadyan kalih | Buntaran lawan Watangan | sumêdya alabuh jurit | kathah antuk pêpati | pra raja menak tumênggung | wusana rayi tuwan | kacêpêng madyaning jurit | pan ing mangke rinta kinunjara waja ||

18. anèng Sêmèru pratapan- | ira Sang Pamênggêr Rêsi | kêlangkung kawêlas-arsa | ing mangke sumăngga gusti | luware rinta kalih | măngsa-boronga pukulun | anglênggêr Menak Koncar | sapandurat datan angling | awusana dyan arya mijil kang waspa ||

19. Dêmang Gathul malih turnya | pukulun kadosa pundi | ing mangke karsa paduka | luware arinta kalih | tan lyan paduka gusti | kang wêlas rinta pukulun | Menak Koncar ngandika | witning bapa ingsun iki | luwih trêsna mring paman lan ariningwang ||

20. nanging ingsun wus tan pasah | bapa mring si menak anjing | sarta wus tita antara | bali-bali sun ayoni | Si Menakjingga sêgti | guna sêrana pinunjul | wignya angadu bala | sêdene mangsah pribadi | bapa kaya ingsun tobat-tobatêna [tobat-to...]

--- 154 ---

[...batêna] ||

21. amungsuh si menak alas | ingsun bapa wus angucir | sajroning pangimpèn kalah | malah asring kagum bêngi | katon dèn incih-incih | dibêburu menak asu | lah wadi-wadi apa | ingsun wong nora kêkêlir | sun tan wani bapa mring si asu ajag ||

22. yèn ta liya Menakjingga | dunên karo apa mami | sapa sapa mungsuhêna | sayêgti ingsun tan ajrih | dhasar têguh sayêgti | ingsun digdaya pinunjul | jaba kinêdhèp ilang | iku bapa ingsun wêdi | sok ajaa mungsuh lan Si Menakjingga ||

23. malih umatur ki dêmang | panggènane rinta kalih | atêbih lan Menakjingga | nèng Ardi Sêmèru gusti | radyan arya ngling aris | bapa ingsun nora sanggup | satanah sabuminya | sabalane menak anjing | ingsun takut abangêt kawus manira ||

24. Ki Dêmang Gathul karuna | gustine sinambat tangis | dyan arya mijil kang waspa | saklangkung putêg kang galih | sring trêsnanya mring ari | mring Menakjingga sru takut | Dêmang Gathul wotsêkar | wuwuse awor lan tangis | sun kauli gusti yèn anyanggupana ||

25. angrêbat rayi paduka | yèn sampun kalakon ugi | luwar sangking ing kunjara | arinta [a...]

--- 155 ---

[...rinta] Rêtna Sêkati | sampun lyan kang darbèni | gusti kêjawi pukulun | benjang kawula ingkang | matur dhatêng radyan kalih | sarta purun ngong kandhas mring prabu rara ||

26. sok si dhasar kalakona | luwar arinta kêkalih | sumêdhot Dyan Menak Koncar | mangangên-angên ing galih | nguni dhasar tau wrin | mring Dyah Sêkati sang ing rum | liya sing prabu rara | wanodya sanungsa Jawi | nora nana kang kadya Rêtna Sêkatya ||

27. kuning-kuninging sarira | lan mêmak-mêmak ing wèni | lan jait-jaiting tingal | lan manis-manising lathi | pacaknya anjukining | gumrining sasolahnya lus | swaranya rum lir kilang | cumêngkling pamêdharing ngling | mendah baya ing mangko wimbuh diwasa ||

28. nadyan anaa kang memba | gandêse kang ora olih | oliha ing gandêsira | sêmune nora nimbangi | timbanga pasmon mirip | ing manah nora pinuju | liya ing Dyah Sêkatya | putrane sang adipati | pinetangan pêsatuhane utama ||

29. dêrman putra sugih donya | atutut ingkang rijêki | tur tumiba ing nak-sanak | cacade kêrêp rêbut ngling | nanging kapuwung ugi | wong ayu asugih maru | wibawa dêrman putra | aninong uning unaning | radyan [radya...]

--- 156 ---

[...n] arya ing galih lir guladrawa ||

30. Dhandhanggula

1. paman dêmang ing mangko sang dèwi | apa mêgsih anèng nagri Tuban | apa wus malbèng kêdhaton | matur Ki Dêmang Gathul | sampun wontên sajroning puri | ya ta mèsêm dyan arya | bapa janji mau | cok aja oncat kewala | sun labuhi yayi mas ingkang kaswasih | kadange wong Lumajang ||

2. ri mas nora darbe tingal kalih | raka dika wong ladak sêmbada | ambancèr candhang lancure | dhasar wong tau jitus | sampun susah andika yayi | pun kakang nuntên prapta | ngrêbat sang binagus | onêng brăngta dirèng pulas | ing wadana sun lalipur-lipur yayi | mêgsa kangên mring dika ||

3. manik arja wigêna Nawangsih | dipun lana paman dêmang sira | aja cidra ubayane | dodol gularèn ingsun | wisa anggêng munggèng jaladri | nadyan lali kêng warna | tênaga tan pandung | kang sela pênglawêt gănda | padha pisan palwa gêng kandhêg jêladri | sun labuhi yayi mas ||

4. Dêmang Gathul sampun dèn pisalin | kuluk kampuh paningsêt cêlana | mirantya lan curigane | mentar sampun rinasuk | sawusira ngandikan malih | dyan arya langkung rêna | dhatêng Dêmang Gathul | wus watake radyan arya [ar...]

--- 157 ---

[...ya] | lamun ana sêbarang kang dados galih | pradhah padha sêkala ||

5. gya parentah dyan arya mring dasih | wadya trunalanang kawan dasa | ing enjang mangkat jurite | ya ta dyan arya kondur | Dêmang Gathul saha kinanthi | prapta ing pêlataran | radyan cêluk-cêluk | mring garwanira sêkawan | canthur dungik kêmprèng dowèh datan mijil | mirah mring ngêndi sira ||

6. wong adhenok mirah wong akuning | wong asèdhêt anèng ngêndi sira | wong gandhang dene tan miyos | ya ta pra garwa catur | samya mêthuk lan para sêlir | anèng ing palataran | dyan arya agupuh | kang garwa sêpuh ingaras | Angronsari gantya Sumarsanawati | ingaras gantya-gantya ||

7. Mayangsari wus ingaras sarwi | prêmbayunira ingêmak-êmak | garwa martita kalungsèn | prodong-prodong awangsul | radyan arya amalajêngi | pinondhong Mantarsêkar | ingras kang prêmbayun | jangan gusar katinggalan | bini mudha trak lupa pur lain kali | pur cium sama nonah ||

8. sunggu-sunggu tidhak lain-lain | bini êmpat sama kita orang | kasih ampun nonah radèn | tandya binêgta wangsul | ingidhunkên jajar lumaris | garwa sêkawan tansah | sinêmbramèng [sinêmbra...]

--- 158 ---

[...mèng] têmbung | sumèh sumyar jait tingal | radyan arya wus pinrak lan para rabi | anèng kuwon jêrambah ||

9. atap aglar ingkang para sêlir | Dêmang Gathul alinggih nèng ngarsa | tansah nyolong liring jomblong | dènnya linggih mrêkungkung | wus sinungan gantyan lan hèr tih | sarta sinung gigitan | ki dêmang acakut | dhasar sangêt pêtagihan | hèr tih sirih agya katêmu ing wuri | apyun kang munggèng ngarsa ||

10. suka gumujêng radyan minantri | Dêmang Gathul tandya inguncalan | apyun saglondhong mring radèn | tinampan sumarikut | tur rumakêt ngêmorkên galih | anulya linarihan | jêne wêrgya nginum | Dêmang Gathul saya inggar | kêna tyase dongènge karya amintir | marna kang endah-endah ||

11. dêming arak lan dêming panggigit | saya ngadêg surane ing nala | pulih lir duk nom-nomane | agêdhe saguhipun | radyan arya pundhutan mijil | kang gêndhing munya ngraras | linadèn para rum | tandhakira endah-endah | pitu sarya sêsindhèn pinuju galih | lêlèjême asmara ||

12. tandya dhahar dyan arya lan larih | Dêmang Gathul sampun sinunggatan [si...]

--- 159 ---

[...nunggatan] | nora pêgat pandongènge | suka tyasnya sang bagus | garwanira sêkawan gênti | angliling sarya ngaras | sasêbdanya cucut | dening para sêlir ingkang | angladosi datansah kasukan liring | kang manglung pan ingaras ||

13. kang sawênèh tinutul ing nangsi | wênèh ingusap kang payudara | wênèh pinijêt drijine | Dêmang Gathul tumungkul | mèsêm-mèsêm amakolèhi | andulu mring dyan arya | amênuhi ing kung | kang tandhak kinèn anjawat | mring ki dêmang wênèh kinèn angêpêti | wênèh ngladosi dhasar ||

14. Dêmang Gathul èsême pinirit | nora kawrat sukanirèng manah | kêrasa duk ing anome | irunge mênut-mênut | radyan arya suka ningali | pra garwa tutup waja | mèsêm kang para rum | dumugi dènira dhahar | radyan arya gya majêng kang kuwih-kuwih | dhahar wus linorodan ||

15. radyan arya mundhut sêpah aglis | mring garwa sêpuh Sang Angronsêkar | amulung sangking lathine | tinrimèng waja gupuh | radyan ngaras sang dyah anjiwit | sarya mèsêm anêbda | ana Dêmang Gathul | apa nora lingsêm mana | radyan latah isin-isin apa yayi | saradan timur mula ||

16. Dêmang Gathul sêmu nglik-nglirik [ngli...]

--- 160 ---

[...k-nglirik] |[46] radyan arya mèsêm atêtanya | paman duk sira mêgsih nom | apa ta nora tau | sasêpahan lawan si bibi | Dêmang Gathul wotsêkar | inggih sang binagus | ing nèm ngantya sapunika | ulun magsih sasêpahan lan pun bibi | mèsêm sagung kang mulat ||

17. sira Dêmang Gathul matur malih | rêmên ulun pun bibi punika | yèn angsung sêpah maring ngong | jêbugipun wêwolu | sêdhahipun pan kalih candhik | gambir sakojong mangang | ênjête sasêntul | punika ujare sêpah | Angronsari gumujêng atutup lathi | dyan arya gumya latah ||

18. garwa kalih majêng angonyohi | Sumarsanawati Mayangsêkar | radyan ambapang astane | asta ing kananipun | ngiras jaja ingkang ngonyohi | Sumarsana panênggak | asta keringipun | ngiras gigir Mayangsêkar | radyan duk ingasta ginandan ingampil | anyuwol payudara ||

19. garwa kalih mèsêm nambang liring | radyan cinêthot ing lambungira | alatah suka gujênge | garwa nèm Mantarsantun | saos sêkar radyan ngèsêmi | manglung sarya ngandika | baik nonah taruk | rindhu trak [tra...]

--- 161 ---

[...k] cium sabêntar | mari dhêkêt marganti sa punya sumping | mas nonah lêkas-lêkas ||

20. sang dyah mèsêm sarya anumpingi | mènglèng-mènglèng radèn alêlewa | sang dyah ingras prêmbayune | noragèng mundur-mundur | cara Mlayu sarya nyiwêli | jangan tuwanku jangan | mangungsir pur cium | cis trak malu banyak orang | sampe sakit ponya tètèk dhuwa kali | dhikêrja pêrmainan ||

21. gumya latah rahadyan minantri | kangsi mata-walangên ki dêmang | pating darêjêt sungsume | kapengin sêmunipun | wong Jalarat asugih rabi | kinalulutaning dyah | anglangsar kang cium | sêmbada kang para garwa | bangun turut landhêp sasmitaning liring | tur wignya mikat trisna ||

22. wus dumugi kang pambojakrami | sira radyan dhatêng Gathul Dêmang | ya ta wus kinèn lumèngsèr | kawarnaa ing dalu | Menak Koncar pamit ing rabi | arsa ngrêbat arinta | ing Tuban sang sunu | garwanira kawandasa | wus rinampit ing rêsmi dèn dêlajahi | wong bancèr cincar bancar ||

23. wong Jêlarat amèrèt jakithit | dhandhing wingwing bênthing tur rêrendhan | lèmèt tatêpèn bêrngose | ambranyak ladak patut | sèrèt-sèrèt [sèrèt-sèrè...]

--- 162 ---

[...t] tur sugih wani | tan kêna ingungkulan | mring sasamènipun | gêcas-gêcos para tantang | Menak Koncar tan kêna dèn mêjanani | sêkala prapta numbak ||

24. para tabok tur para tampiling | para pisuh tur para sudukan | tur jumêngglèng kêkulite | sêmana dyan kawuwus | enjing sampun saninggèng jurit | tinon lir Krênaputra[47] | kang garwa ingimur | warata samya ingaras | para sêlir ginêntya winolak-walik | ingras kang papungkuran ||

31. Pangkur

1. wus budhal Dyan Menak Koncar | apratistha songsong krêtas sinungging | nitih kuda pun Jêthayu | cêmêng panggung wiraga | wadyanira wong trunalanang manggrêgut | Ki Dêmang Gathul tan pisah | datan kawarna ing margi ||

2. wus prapta sukuning arga | Mahamèru prêtapanya sang yogi | wanci surya tunggang gunung | dyan rêrêp sawadyanya | karsanira kang lampah cinidrèng dalu | kuda samya cinancangan | inggahira dèn dharati ||

3. parentahira mring bala | wadya kinèn ulur dènnya lumaris | aja kacina ing laku | radyan ngrumiyini lampah |[48] namung Dêmang Gathul ingkang atut pungkur | sarya ambêgta busana | pisalin lan dhuwung kalih ||

4. lampahnya pêtêng gap-gapan | sarya matak sirêp rahadyan [raha...]

--- 163 ---

[...dyan] mantri | lan ki dêmang wus lumaju | warnanên kajinêman | kawan dasa ingkang rumêgsèng sang bagus | kêlangkung dènnya prayitna | tansah samya ting jupiping ||

5. gêgaman samya liniga | ponang tinggar wus samya dèn isèni | ponang kunjara kinêpung | mangidung mêmadatan | ura-ura sainggate Dêmang Gathul | tan rumăngsa adarbe rah | tan wurung nêmu bilai ||

6. ya ta pun Udanprahara | lawan Baratkatiga angatyati | wus karsaning juwata gung | kêna pangaribawa | kajinêman kawan dasa barêng turu | kocapa kang nèng kunjara | kêlangkung gènnya kaswasih ||

7. tanpa dhahar lawan nendra | tan lyan radyan ingkang ciniptèng galih | mung juwata ingkang agung | anêgês karsaning hyang | murwèng pandum kang akarya lara lampus | myang kang angganjar misèsa | kang sinugsmèng ing sabumi ||

8. Radyan Buntaran sêmana | rêm-rêm sata nyupêna aningali | apan ta lêluhuripun | cumlorot sangking wiyat | kang jêjuluk Hyang Samèdi Maha Wiku | ambubrah kunjara waja | lan malih Sang Hyang Samèdi ||

9. paring sêkar kang wrat puspa | pan sêpasang siji sewang lan ari | pan kagyat sarêng awungu | ngandika mring arinya | anjarwakkên [anjar...]

--- 164 ---

[...wakkên] supênanira ing wau | dyan kalih asrêp ing manah | rumaos badhe angsal sih ||

10. sihing Sang Hyang Sugsmanăngsa | gya kasaru Dyan Menak Koncar prapti | wayahira têngah dalu | angintip nèng kunjara | lan rowangira sajuga Dêmang Gathul | radyan kalih sarêng nyapa | wong apa kang ngintip-intip ||

11. sira apa kajinêman | payo mara patènana wak mami | ingsun nora bisa kantun | bèlakna kangjêng rama | mara payo untapna age wak ingsun | Dyan Menak Kuncar[49] duk myarsa | sêsambate ingkang rayi ||

12. ki dêmang winisik tandya | saurana paman ika si adhi | aja salah ciptèng kalbu | wruha yèn ingsun prapta | Dêmang Gathul mêrpêgi kunjara gupuh | umatur rahadèn putra | gusti pun bapa kang prapti ||

13. dene kang ngintip punika | raka tuwan Lumajang ingkang prapti | Menak Koncar sang binagus | sêdya ngrêbat paduka | ya ta radyan kalih karuna duk krungu | kakangmas ulun tan nyana | panggih lan kangmas nèng ngriki ||

14. Dyan Menak Koncar miyarsa | adrês mijil waspanira ngusapi | sêbdanya dhuh ariningsun | panggih pintên prakara | lamun kula yayi tan purun angrêbut | gadhah sanak pintên ingwang |

--- 165 ---

kêjawi mung ri mas kalih ||

15. sampun tumêka ing lara | nadyan pêjah pun kakang anglabuhi | radyan kalih matur nuwun | kapundhi sih paduka | Dêmang Gathul miyarsa suka umatur | ing mangke sumăngga radyan | luware rinta kêkalih ||

16. Menak Koncar angandika | aja susah prakara yayi kalih | sêgsana dyan arya gupuh | kinêpêl ponang asta | bêg sarosa ponang kunjara jinagur | rêmuk sêkala wus bubrah | radyan kalih gya nungkêmi ||

17. mring Dyan Arya Menak Koncar | sêsambatnya karuna amlas asih | dyan arya gêpah angrangkul | Dêmang Gathul karuna | sarta bêgsa têtayungan wungsal-wangsul | dyan kalih lan Menak Koncar | pêngkul-pinêngkul samya sih ||

18. kang rayi kalih sinungan | kang pisalin wus rinasuk prasami | Radyan Buntaran umatur | yèn marêngi kakangmas | pun Pamênggrê apan arsa ingsun amuk | Dyan Menak Koncar ngandika | yayi sampun-sampun yayi ||

19. Pamênggrê tan duwe ala | dadining prang atas pun menak anjing | lan malih Pamênggrê iku | pandhita bêntur tapa | lamun mandi yayi ing supatanipun | karana Yyang Sugsmanongsa | amurahi marang dasih ||

--- 166 ---

20. wasul[50] kajinêmanira | ingkang sami tunggu kunjara wêsi | ulun cacake sêdarum | pun kakang pêtagihan | sampun lami tan kambon biring lan busur | matur nuwun Dyan Buntaran | sakarsa raka mèstuti ||

21. ya ta wadya trunalanang | saya dangu saya kathah kang prapti | wus kumpul wong patang puluh | nèng ngarsanira radyan | Menak Koncar tandya asuwarèng wadu | sakèhing wong trunalanang | karyanira ingsun ambil ||

22. punggawane menak alas | kajinêman padha ijènên sami | dene ta lêlurahipun | loro ngèngèhna mring wang | Dyan Buntaran Watangan kalih mêsat wus | tan suda raosing manah | mring kang raka nora pamit ||

23. mêrpêki wong kajinêman | ingkang samya kapita gènnya guling | Radyan Buntaran pan asru | gugah kang samya nendra | sinosogan ing obor tangi agugup | pan samya abilulungan | sangking prênahnya gumingsir ||

32. Durma

1. awas mulat kajinêman kawan dasa | bubrah kunjara wêsi | radyan kinêmbulan | sikêp biring myang tinggar | sawênèh canggah campuling | lamêng bêdhama | wênèh mangsah karo kris ||

2. radyan kalih pangamuknya lawan asta | sinosog ganjur

--- 167 ---

lungit | kadya panjang putra | tinumbak alang-alang | pinentar gèpèng kang mimis | singa sinêrang | tinabok akèh mati ||

3. trunalanang angrubut karo curiga | goco-ginoco wanti | tinumbak tan tatas | jumêklèk lambung kuntal | singa winangkris ngêmasi | wong kajinêman | ginagap tan ngluputi ||

4. sasisane pati lumayu sumêbar | mogok lurahnya kalih | kang timbul ing braja | sira Udanprahara | Baratkatiga angungkih | sinuduk panggah | winaglut nora kongkih ||

5. Radyan Menak Koncar sagsana lumumpat | Udanprahara aglis | ingancap lambungnya | ingukêl ponang keswa | budi maputêr mangungkih | radyan binuwang | kentas umangsah malih ||

6. sira Udanprahara sirah tinêpak | mlocot kang ponang kulit | ambêngok lumumpat | tinututaning ngriyak | cumêplos êndhasnya kenging | bolong nêratas | aniba wus ngêmasi ||

7. sira Baratkatiga wus kinalihan | dhatêng putra ing Tubin | ginoco tan pasah | binuwang nora kentas | malês nuduk dyan tan osik | kakal-kinakal | kinalih nora kongkih [kong...]

--- 168 ---

[...kih] ||

8. Menak Koncar têtulung sigra mangancap | pyuk putêr manglut ngungkih | dyan arya binuncang | Watangan ngawuk sirah | mangukêl rambut manguntir | radyan winêngkang | binuwang tiba têbih ||

9. Dyan Buntaran mangrasuk sampun katampan | cangklèt masilih-ungkih | Radyan Menak Koncar | eca rèrèn amucang | pan sarya ngidung rêrêpi | swara lir kilang | nêmbang sinom pêngrawit ||

33. Sinom

1. kumênyut rasaning driya | kèngêtan kang mindha ratih | pun kakang brăngta angarang | lamun tan kêpadhan ing sih | puspa pinta wong kuning | dadia sambunging umur | pantêse amung gantyan | tur mijil sangking ing lathi | pragat jăngga pun kakang ngunduri sabda ||

34. Durma

1. Dyan Buntaran adangu kakal-kinakal | lan Baratkatiga glis | dyan ngungkil winêngkang | binuwang sampun kentas | Baratkatiga mangungsir | tandya pinapag | mring Menak Koncar bênthing ||

2. sarya mucang dyan arya tinubruk milar | Baratkatiga aglis | binalang kang mata | ing susur mring dyan arya | cumêplos manik macicil | kapala nratas | anglumba gya ngêmasi ||

3. mawurahan wêwasi asêsingidan | pandhita ngindhit-indhit [ngindhi...]

--- 169 ---

[...t-indhit] | endhang ting kudhangdhang | guntung gumluntung jurang | manguyu lumayu gêndring | puthut ambêthat | ajare kocar-kacir ||

4. Hyang Pamênggêr anglênggêr tan kêna ngucap | cantrik jèntrèk ing ngarsi | rêsi asasaran | myarsa swara gumêntar | gêdêre asilih-ungkih | kunjara bubrah | wong kajinêman gusis ||

5. lingsir dalu dyan arya lan putra Tuban | kondur tumrun sing ardi | tan kawarnèng marga | prapta patrukan wana | winangwang babadan kègsi | sêmana radyan | wus ngrumiyinkên dasih ||

6. kinèn karya kuwone putra ing Tuban | myang kinèn andhawuhi | mring garwa sêkawan | sêsaji endah-endah | lan sagunging para sêlir | kinèn paesan | badhaya lan sarimpi ||

7. kawuwusa malih Radyan Menak Koncar | lawan arinta kalih | ing wijil duk prapta | ingurmatan sênjata | kang kalontaka mawanti | gêndhing gumêntar | kodhokngorèk swaratri ||

8. regol lêbêt carabali munya gumrah | sêlendro anisihi | kang munya ing tratag | gêndhing pelog angraras | niyagane samya èstri | kang para garwa | miwah kang

--- 170 ---

para sêlir ||

9. samya mêthuk tarab anèng pêlataran | Sang Dyah Kalpikaningsih | myang Kalpikawatya | mêthuk anèng têratag | kanthèn asta ari kalih | lir daru kêmbar | sarya ngrokokkên gêndhing ||

10. dhasar wasis sang dyah angolah wirama | pêputusan ing kawi | utamèng ing sastra | gandhang raga kêrana | ngrampungi saliring kardi | Sang Dyah Kalpika- | wati Kalpikaningsih ||

11. nanging samya piningit dhatêng kang raka | dyan arya tandya prapti | jroning paregolan | Buntaran myang Watangan | Dêmang Gathul datan têbih | Dyan Menak Koncar | nguwuh-uwuh mring rabi ||

12. sarya riyak-riyak gumuyu alatah | garwa lan para sêlir | lumayu rantaban | dyan arya binondhetan | ginubêl mring para rabi | arêbut papan | dyan arya kêmpis-kêmpis ||

13. kang ingaras pan mung garwaning sêkawan | radyan karoban tandhing | para sêlirira | sinambramèng ing sabda | wênèh ingusap kang pipi | wênèh lambungnya | wênèh ngusap kang wèni ||

14. kang sawênèh ingusap sêsinomira | wênèh inglus kang gigir | wênèh bêbokongnya | ingusap wantya-wantya | wênèh pinijêt kang driji |

--- 171 ---

wênèh sikutnya | dinêkêp asta wanti ||

15. dangu dènnya dyan arya kèndêl ing latar | nêmbrama ing pra rabi | sinawung ing tingal | liring winor guywenggar | lampahnya mêrak-kasimpir | asta kalihnya | kinanthi ing pra rabi ||

35. Kinanthi

1. dalêm pakuwon wus rawuh | Menak Koncar wong abênthing | gantya-gantya nugsmèng pada | sakathahing para rabi | miwah pra sêlir sêdaya | manugsmèng pada mèstuti ||

2. arinta kalih sang ayu | Kusuma Kalpikaningsih | tênapi Kalpikawatya | kalih wus samya ngabêgti | winangwang-wangwang ing raka | inglus-êlus rayi kalih ||

3. sarya ngandika sang bagus | dhandhing têmên bocah iki | bêjane kang darbe garwa | nora wingwang ari mami | mardhêkêt lêkas mas nonah | satukarkên sama baik ||

4. mana rugi mana untung | nyang dhapêt sapa nyang kasih | bêrmula sa urang kalah | dhiblakang untungnya lêbih | mêsti satu sama dhua | trak mênapa nonah yayi ||

5. Menak Koncar miyos gupuh | mring pandhapa wong abênthing | wus pinrak sira rahadyan | kalawan arinta kalih | prituwin Ki Gathul Dêmang |

--- 172 ---

wus samya linggih ing kursi ||

6. wong trunalanang sêdarum | aglar nèng ngèmpèr pêndhapi | agêpah Dyan Menak Koncar | kang rayi sinungan larih | gundhiknya kang năngga dhasar | sarya bisik angsung brangti ||

7. kang ragi nata yu-ayu | apêngawak lindhusari | wolu busana kinêmbar | kongas gandanya nrus minging | dyan tiga sêkawan dêmang | wus samya nginum branduwin ||

8. larih mundur hèr tèh maju | kopi pohan datan kèri | miwah samanisanira | kang ngladosi para sêlir | pênganggènnya cara nyonyah | wolu kinêmbar rêspati ||

9. dyan tiga lan Dêmang Gathul | ngunjuk wedang angrêsêpi | sinilir sindhèning tandhak | linggihnya sinêla kursi | Radyan Buntaran Watangan | tumungkul suka inggih |[51]|

10. kang gêndhing rarasira rum | panabuhe ukur jawil | pelog sêlendro ginêntya | anganyut-anyut ing galih | gundhikira mundur mara | nut rèhnya rarasing gêndhing ||

11. wong trunalanang sêdarum | wus samya pinaring larih | wedang miwah mêmanisan | inggar gambira ing ati | ya ta dyan putra ing Tuban | nuwun lumèngsèr sang kalih ||

--- 173 ---

12. dhatêng ing pakuwonipun | dyan arya wus anglilani | ya ta sampun aluwaran | wong trunalanang wus mijil | warnanên atmajèng Tuban | nèng kuwon pinadi-padi ||

13. wus manggih pisalin kampuh | binggêl botlor ali-ali | kuluk têkês myang makutha | tênapi gajah anguling | siwah jamang kinatipa | sasêkar mas warni-warni ||

14. cêlana tênapi sabuk | sasondhèr myang anting-anting | sangsangan lan niyaka |[52] atênapi kang rêrumbing | jêbat wida lawan ambar | sêkar-sêkar amênuhi ||

15. dhahar gumlar santun-santun | tênapi kang kuwih-kuwih | brênduwin arak wêragang | jênèwêr sinêlang-sêling | tinata anèng ing meja | hèr tèh pohan lawan kopi ||

16. wus manggih gêndhing wilêt rum | padha kêrasa ing ati | dyan mantri kêlangkung suka | saya golongan trisna sih | mring raka Dyan Menak Koncar | kirang winalês ing pati ||

17. pisalin raka rinasuk | bojakrama wus binugti | Dêmang Gathul acarita | sasanèskaraning nguni | rinèngrèng kang purwa madya | wusana mring radyan kalih ||

18. ki dêmang luwês ing wuwus | pinatut kang adu manis | tan arsa carita madya |

--- 174 ---

mung utamane kang pinrih | rukune dènnya kêkadang | yya ana sulayèng galih ||

19. yya ngantos ngluputi kayun | winor ing upama ririh | ngarah-arah dongèngira | sinangkan têpa palupi | dyan kalih suka ing manah | sakarsa raka lumiring ||

20. Dêmang Gathul malih matur | ature amakolèhi | anjarwa labuhaning prang | myang labuhaning darpati[53] | sarta pambêging satriya | myang pambêgan wong linuwih ||

21. dyan kalih ing tyas kayuyun | kawayang tutur ngrêtèni | artinya Ki Gathul Dêmang | ubaya bahya kang uwis | tur têtêp-tinêtêpana | barang amrih kang utami ||

22. têmên-têmên amrih rukun | rakêtnya rahadyan kalih | lan rakanta Menak Koncar | dyan kalih saya mèstuti | asrah jiwa raganira | mring rakanira wong bênthing ||

23. ywa pêcak saliring santun | Kusuma Rêtna Sêkati | kinarsan tan sinungêna | sênadyan kang pati urip | kasrah raka Menak Koncar | rèhning kêdanan antêp sih ||

 


Kurang satu suku kata: nir dahna pinara sabda. (kembali)
Kurang satu suku kata: tekat ing Hyang Sugsmanăngsa. (kembali)
wiyati. (kembali)
Lebih satu suku kata: satriya pinarjurit. (kembali)
ing ngarcapada. (kembali)
Kurang satu suku kata: ajar mangapit mabukuh. (kembali)
praptèng. (kembali)
Biasanya guru lagu i: mangobar-abir. (kembali)
awor. (kembali)
10 sanjata. (kembali)
11 dibya. (kembali)
12 magalak. (kembali)
13 minging. (kembali)
14 anggro. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: tibèng jaja tinon kadya sinasunggan. (kembali)
16 Biasanya guru lagu a: kathahira. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: maring gusti sun malih mring mami. (kembali)
18 ponang. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: wong kawon apupuh. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: sêdya lêbu-tumangan nglabuhi. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: nglabuhi ing rèh raharja. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: pirabara benjang têmbe yayi. (kembali)
23 tinaturêngga. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: arsa suwita mringwang. (kembali)
25 wotsêkar. (kembali)
26 paduka. (kembali)
27 andulu. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: gumêbyar soroting waja. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: jae wana sun wastani. (kembali)
30 kandhuhan. (kembali)
31 angêdohi. (kembali)
32 Kurang satu suku kata: wirutama satrutama. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: ing mangke wus katawis. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: asikêp pêdhang lan tamsir. (kembali)
35 anjêlih-jêlih. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: iku anyikarani. (kembali)
37 ngrawatana. (kembali)
38 Biasanya guru lagu i: dipati. (kembali)
39 besuk. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: gusti pukulun tur wruh. (kembali)
41 tatêngga. (kembali)
42 ngrikakên. (kembali)
43 Prêlegi. (kembali)
44 kacandhak. (kembali)
45 Dêmang. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: Dêmang Gathul sêmu nglirik-nglirik. (kembali)
47 Krêsnaputra. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: radyan ngriyini lampah. (kembali)
49 Koncar. (kembali)
50 wangsul. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: tumungkul suka alinggih. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: sangsangan lawan niyaka. (kembali)
53 narpati. (kembali)