Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

Babad PajangJudul merupakan tambahan dari Yayasan Sastra Lestari.

--- 1 ---

1. Dhandhanggula

1. amurwani jumênêng sang aji | Sultan Pajang nyarêngi sedanya | lan Jêng Sultan Dêmak mangke | tri nis mônca bumikuSengkalan: tri nis mônca bumiku (1503 A.J.). | putrèng Dêmak jalu kinardi | natèng mukmin anama | Sunan Prawatèku | waruju binêktèng Pajang | wus tinanêm anèng Madiun nagari | punika cinarita ||

2. pusaka dalêm wus dèn bêktani | maring Pajang tan ana malanga | samya jrih mring sang pamase | pinasthi gênti pulung | suyud sagung punggawa mantri | Ki Mas Mônca kinarya | patih ajêjuluk | Dipati Môncanagara | ababêngkok salêksa nêm èwu nênggih | Wuragil lan Ki Wila ||

3. pan kinarya bupati jro sami | pan Ki Wila nama Wilamarta | gangsal èwu lêlungguhe | Ki Buyut Banyubiru | pan lêstari pinundhi-pundhi | lan Ki Buyut Majasta | samya pinisêpuh | Ki Agêng Butuh punika | putranira kalêbu santanèng aji | apan pinaring nama ||

4. Pangeran Jênar wastanirèki | kutha Pajang sangsaya raharja | kèringan wingit prajane | tulya sri kang wêwangun | kutha kojor kukuh miranti | sakèthènge majupat | sinungan manguntur | ginapura kuthagara | pêpanggungan munggul rinêngga tulya sri | tuhu datanpa sama ||

5. kunêng ingkang kawuwusa malih | putranira Ki Agêng ing Sela | Ki Agêng Ênis wastane | kalawan putranipun | asuwita ing Pajang sami | antuk sih kinakadang | sarta tunggil guru | ya ta nalika samana | Kyagêng Ênis kinarya pradikan mangkin | marang Sang Natèng Pajang ||

6. sinung dhukuh ing Nglawiyan nênggih | wus anama Ki Agêng Nglawiyan | tinuwa-tuwa ing ngakèh | kêkalih putranipun | sami jalu pupon satunggil | kadangira nak-sanak | ingkang darbe sunu |

--- 2 ---

Ki Gêdhe Ngêrang punika | alit mila kinadang-kadang kinathik | lawan atmajanira ||

7. ingkang anama Ki Mas Pênjawi | kakang adhi lan Ki Pamanahan | putra Kyagêng Ênis dhewe | antuk pangwulanipun | dening kangjêng sri narapati | kalangkung pinarcaya | ing karyèng pakewuh | kinarya gêdhig manggala | kalihira asisihan lan Pênjawi | sira Ki Pamanahan ||

8. karo iku kalangkung kinathik | Ki Pênjawi lawan Pamanahan | wong tamtama lêlurahe | angrèh wong kawan atus | pêpilihan prawirèng wèsthi | samya suyud sadaya | mangkana winuwus | Pamanahan apêputra | pambayune Ki Mas Danang kang wêwangi | pinundhut ing sang nata ||

9. apan kinarya lanjarannèki | rèhning sang prabu dèrèng pêputra | pan kinarya panutane | dyan putra dumalundung | myang warnane bagus mantêsi | mirib lawan sang nata | solah-bawanipun | wanèh lan rama pribadya | sri narendra kalangkung asihirèki | mring putra Radèn Jaka ||

10. pan ingugung sakarsanirèki | tan pinalang myang rarêngganira | kadya putra satuhune | mangkana kang winuwus | pan pangeran ing Jipang mangkin | lami-lami sangsaya | agêng manahipun | alumuh seba mring Pajang | anggêguru mring Susunan Kudus mangkin | langkung sumungkêmira ||

11. kêrêp anèng ing Kudus nagari | dènnya datan arsa maring Pajang | pangran ing Jipang karsane | arsa ngêndhih kaprabun | amêngkua ing tanah Jawi | asangêt aturira | marang ing sang wiku | ulun tan sudi sebaa | marang Pajang Ratu bèbète wong cilik | ngong tan arsa nêmbaha ||

12. marang ratu ing Pajang samangkin | ngong tan ajrih [a...]

--- 3 ---

[...jrih] atakêr rudira | lan Rajèng Pajang yêktine | aprang sagêndhingipun | inggih lawan Si Jaka Tingkir | Sunan Kudus ngandika | aywa gege laku | Ki Jêbèng Pajang digdaya | ing samangkya lagya winongwong ing Widhi | siranggèr narimaa ||

13. pan ingaran ngalapdho sirèki | ing pangawruh mungguh kaya sira | ki jêbèng apa ukume | Pangran Jipang umatur | ukumira dipun pêjahi | balik kang tuwan sabda | sintên wastanipun | Susunan Kudus ngandika | apa rane Prawata kakangirèki | amaro patakonan ||

14. Pangran Jipang manêmbah turnya ris | inggih gampil lamun makatêna | pun kakang Prawata mangke | Pangran Jipang gya kundur | sapraptane pakuwonnèki | nimbali kajinêman | awasta pun Rangkut | hèh Rangkut sira sun duta | lah cidranên kakang Prawata saiki | sandika Rangkut nulya ||

15. pan binêktan wangkinganirèki | agêmira Pangran Arya Jipang | Ki Rangkut lumakya age | praptèng Prawata sampun | Jêng Suhunan Prawata lagi | lênggah sêndheyan garwa | Ki Rangkut duk rawuh | Sunan Prawata ngandika | paran karya Rangkut praptamu mariki | Ki Rangkut matur nêmbah ||

16. pan ingutus ing rayinta nênggih | kinèn nyidra dhumatêng paduka | Sunan Prawata dêlinge | lah iya dèn agupuh | nanging aja ngèmbèt sirèki | ya marang garwaningwang | Rangkut gya tumanduk | narik curiga marjaya | jajanira nêrus mring garwanirèki | anjrit asru karuna ||

17. Sunan Prawata ngandika wêngis | hèh Si Rangkut pagene acidra | kêna garwaningsun kiye | sigra sinawat dhuwung | kyai bêthok Ki Rangkut kêni | tunggaking kêmbang kacang | niba nulya lampus |

--- 4 ---

marma ki bêthok punika | maksih rimpil ing kêmbang kacangirèki | Sunan Prawata seda ||

18. apan sarêng kalawan kang rayi | apan lagya tilar putra tiga | ingkang jalu pêparabe | èstri warujunipun | ingkang rayi akarmiyisi | Ratu Mas Kalinyamat | mring Prawata gupuh | têtilare ingkang raka | putra alit pan sampun binêkta dening | Ratu Mas Kalinyamat ||

19. minta adil marang Kudus nênggih | dene pêjahe kadange tuwa | nênggih Sunan Prawatane | kalawan rabinipun | Pangran Kalinyamat tut wuri | praptaning ngarsanira | Jêng Susunan Kudus | têka kèndêl tan ngandika | dadya ajrih Ratu Kalinyamat mulih | anèng marga binegal ||

20. utusane Arya Jipang katri | Sunan Kalinyamat wus palastra | binêkta kundur layone | sinarèkakên sampun | ingkang rayi langkung prihatin | kapatèn kadang tuwa | nulya lakinipun | dahat rudatining driya | nimas ratu dumadya amati ragi | datan atolih wuntat ||

2. Pangkur

1. Nimas Ratu Kalinyamat | tilar wisma martapa anèng wukir | tapa wuda sinjang rambut | nèng wukir Danaraja | apratignya tan arsa tapihan ingsun | yèn tan ana adiling Hyang | ukume sadulur mami ||

2. iya lawan lakiningwang | kang pinatèn Si Arya Jipang iki | yèn orantuk walês ingsun | cidrane Si Panangsang | kunêng ingkang martapa malih winuwus | Pangeran Arya Panangsang | gêgala jinêmannèki ||

3. sakawan samya prawira | datan kewran ing agal miwah rêmit | dhasar samya têguh timbul | wus tautate tatal | asring pinèt sraya amatèni satru |

--- 5 ---

kêkês prawirèng bang wetan | dening kasêktènirèki ||

4. Pangeran Arya Panangsang | angandika marang jinêmannèki | sima sun jaluk kayamu | sira lakua dhustha | lah cidranên suntalSultan Pajang dipun lampus | lamun sira antuk karya | sun ganjar dadya bupati ||

5. Setan Kobêr tamakêna | tur sandika jinêman catur nuli | dhuwung tinampanan sampun | mêsat catur caraka | tan winarni lampahira prapta sampun | sajawining kutha Pajang | anamur dènira manjing ||

6. nunut amor wong jro pura | kongsi tigang dina lêbêtirèki | duk samana têngah dalu | malumpat pagêr bata | lêbêtira marang sajroning kadhatun | tan ana janma kang wikan | wus prapta sajroning puri ||

7. amatak sêsirêpira | ingkang mêlèk datan ana udani | anjajah jroning kadhatun | mring tilame jêng sultan | kang sawiji nèng jawi rumêksèng kewuh | kang tiga mring pasarean | wus tumama sirêpnèki ||

8. kangjêng sultan wus anendra | nanging durung kapati dènnya guling | dadya momor api turu | nèng ngandhap nunggil lawan | para cèthi anyarèhkên napasipun | lan nganti sri naradipa | kapatine dènnya guling ||

9. Ki Pênjawi Pamanahan | samya langkung marang sajroning puri | krasa sumêlang tyasipun | kalihira mangkana | myang swaraning bênce têkak kolikipun | jinajah sajroning pura | kang tungguk prasamya guling ||

10. samya ngungak pasarean | duratmaka kang tiga sampun manjing | adangu panjêjêpipun | sultan kapati nendra | duratmaka sigra miyak samiripun | narik curiga anjangkah | panuduke wanti-wanti ||

11. kasangsang kêmul kewala [ke...]

--- 6 ---

[...wala] | eca sare sang nata dèn suduki | lir lalêr mencok ing kêmul | singêbe datan pasah | para garwa prasamya kagyat andulu | sang nata kang pinarjaya | tinarka sampun ngêmasi ||

12. pra garwa anjrit karuna | sri narendra wungu dènira guling | kagyat nulya sèlèh kêmul | anyabêt duratmaka | katri rubuh kasabêt ing singêb kampuh | andhoko nuntak ludira | gêrêng-gêrêng ting karêmpis ||

13. ingkang manganti ing jaba | amiyarsa jro pura ting jalêrit | duk mangkat arsa têtulung | tinubruk saking wuntat | wus kacêkêl lajêng binônda andhingkul | Ki Panjawi Pamanahan | samya malêbèng jro puri ||

14. sri narendra wus pinarak | aningali Pamanahan Pênjawi | ngandika lah iku pandung | lah padha takonana | wong ing ngêndi lawan apa sêdyanipun | Pamanahan matur nêmbah | sampun kacêpêng satunggil ||

15. katur mulabukanira | langkung ngungun miyarsa sri bupati | dinangu aturing pandung | kalamun tiyang Jipang | Singaprana Wanènggati Jaka Satru | satunggile Kartijaya | sang nata ngandika aris ||

16. iku padha wêtokêna | sun apura kabèh sadosanèki | pan iku samya ingutus | malah ginanjar êmas | anyêtail lawan reyalira nyatus | aywa kongsi kawêruhan | iya mring wadya kang jagi ||

17. wus samya tinundhung mêdal | mari lumpuh sukèng tyas awotsari | Setan Kobêr dhuwungipun | ingaturkên saksana | marang Kyai Pamanahan ciptanipun | panêbase [panêba...]

--- 7 ---

[...se] uripira | dhuwung wus tinampan aglis ||

18. sapraptanira ing jaba | duratmaka wus lajêng kinèn mulih | ing marga datan winuwus | sampun prapta ing Jipang | sampun katur ing tiwase lampahipun | pangeran ngungun miyarsa | iya luput saking mami ||

19. sun dhewe benjang tumandang | kunêng Jipang ing Pajang kang winarni | saya arja prajanipun | murah sandhang lan pangan | eca tyase wadya lit miwah ing dhusun | bengkas sagung doracara | karoban sri natèng aji ||

3. Sinom

1. kèringan ing parangmuka | samana sri narapati | ing Pajang sampun pêputra | catur kang tiga pawèstri | priya namung satunggil | kang dadya lanjaranipun | Radèn Bagus punika | kang dadya panutannèki | pambayune Ratu Mas Rêtnaningpura ||

2. arine malih wanodya | Sang Rêtna Kancanawangi | sumêndhinira anama | Kusuma Sêkaringpuri | dèrèng diwasa sami | sakawan sih timur-timur | mung Radèn Bagus ika | pan sampun jinunjung linggih | nama Radèn Angabèi Loringpasar ||

3. kunêng malih winursita | pangeran ing Jipang mangkin | wus lami dènnya siyaga | sakapraboning ajurit | budhal saking nagari | sawadyanya praptèng Kudus | arsa mukul ing yuda | marang ing Pajang nagari | dahat saking lumuh kabawah ing Pajang ||

4. Arya Jipang marêk marang | Sunan Kudus matur aris | putra paduka ing Pajang | punika tuwan timbali | marang ing Kudus mangkin | kawula arsa pêpangguh | sayêkti lamun prapta | yèn paduka kang nimbali | sêngadia pagunêman ngèlmu rasa ||

5. asangêt [a...]

--- 8 ---

[...sangêt] atur kawula ||

| Sunan Kudus anuruti | gya anuduh dasihira | pan sarwi binêktan tulis | ing marga tan winarni | nagari Pajang wus rawuh | katur ing sri narendra | lamun wontên duta prapti | saking Kudus sigra kinèn nimbalana ||

6. gya ingirid kyana patya | prapta ngaturakên tulis | wus tinampan sri narendra | binuka sinuksmèng galih | kadriya raosnèki | sultan gya kundur ngadhatun | ginarbêg pra biyada | sapraptanirèng jro puri | sri narendra pinêthukkên para garwa ||

7. sri narendra wus alênggah | animbali kyana patih | myang Wuragil Wilamarta | Pamanahan lan Pênjawi | kang dinuta gya mijil | lan kya patih wus apangguh | tuwin katri punggawa | wus samya kerid mring puri | pan sadaya wus prapta byantara nata ||

8. mabukuh konjêm ing kisma | sang nata ngandika aris | hèh ta patih kayaparan | surate sang maha yêkti | pan ingsun dèn timbali | kinarsakkên gunêm ngèlmu | undhanga kancanira | sun arsa budhal tumuli | Pamanahan nêmbah aris aturira ||

9. dhuh pukulun sri narendra | punika anyalawadi | inggih watawis kawula | botên sakeca ing galih | kados sêrat puniki | tunggilipun pandung dalu | botên kenging linômba | prayogi dèn prayitnani | asanengga kaprabonirèng ayuda ||

10. sang nata garjitèng driya | pangandikanira aris | iya bênêr ciptanira | sun rasa anyalawadi | kya patih matur aris | inggih saèstu kadyèku | surate sang pandhita | kados pandamêlirèki | pun Pangeran Arya Panangsang ing Jipang ||

--- 9 ---

11. sang nata malih ngandika | lamun lumakua mami | anggawa kapraboning prang | sayêkti ngêgèt-êgèti | panggalihe sang yogi | nora kaya sabênipun | kya patih matur nêmbah | paduka budhal rumiyin | lêlancaran lawan sawatawis wadya ||

12. inggih pinilih kewala | ingkang samya sura sêkti | prajurit lêbêt punika | pinêthik ingkang winani | sampun angatawisi | amunga wong kalih èwu | katingal rêrikatan | tinimbalan guru yêkti | inggih sampun katawis prayitnanira ||

13. kawula susul kewala | anindhihi pra dipati | lawan prajurit sadaya | de kagungan dalêm èsthi | sarêng kawula nênggih | lawan kapraboning pupuh | sukèng tyas sri narendra | iya mangkono prayogi | nuli sira undhanga mring wadyabala ||

14. rêkyana patih gya mêdal | angundhangi pra dipati | duk samana sri narendra | wus ngrasuk busana adi | wadya sampun miranti | pêpilihan kawan èwu | kang môngka tindhihira | Pamanahan lan Pênjawi | sira Radèn Angabèi Loringpasar ||

15. datan têbih lampahira | kalawan sri narapati | samana pan sampun budhal | duta ing Kudus kinanthi | rikat lampahirèki | gumarêdêg sri dinulu | ing marga tan winarna | wus praptèng Kudus nagari | wadya kinèn malêbu atur uninga ||

16. sang nata sawadyanira | kèndêl sajawining kori | anganti ingkang timbalan | tansah prayitna ing batin | Pamanahan Pênjawi | tan têbih lawan sang prabu | myang Radèn Loringpasar | para prawira miranti | pan sadaya anyuriga [anyu...]

--- 10 ---

[...riga] dhuwungira ||

17. para prawira tamtama | angumpul dènira linggih | ya ta wau kang dinuta | atur uninga sang yogi | sampun prapta ngarsaning | Sunan Kudus lagya lungguh | lawan Arya Panangsang | duta umatur wotsari | putra tuwan Sang Natèng Pajang wus prapta ||

18. kèndêl nèng pasowan jaba | lancaran lampahirèki | sangêt gitanirèng driya | tan mawi bêkta prajurit | kaprabonirèng aji | gêgancangan lampahipun | mèsêm Pangeran Jipang | tur sêmbah anulya mijil | apan sarwi ngêncêngi paningsêtira ||

19. ciptane Pangeran Arya | Panangsang mêngko sang aji | ing Pajang ginoco tatas | kalawan dhuwungirèki | sapraptanirèng jawi | panggih sêsalaman gupuh | sawusnya tata lênggah | tan têbih lawan sang aji | Pangran Arya Panangsang aris turira ||

20. kang tuwan agêm punika | inggih wangkingan kang pundi | kawula nuwun uninga | sang nata têka agampil | gya pinaringkên nuli | amung curiganya kantun | gya tinampan mring pangran | wangkingan nulya tinarik | kakang prabu punapa ampuh punika ||

21. Ki Pênjawi Pamanahan | samya ngingêr krisirèki | asasmita mring jêng sultan | wêntise kiwa jinawil | sultan gya narik aglis | curiganira Ki Crubuk | sarya sru angandika | adhi tan kadya puniki | Si Carubuk ampuhe kagila-gila ||

22. samya angliga kalihnya | Sunan Kudus sigra mijil | lah iki arsa punapa | wong agung kaya bêlantik | padha sarungna aglis | saru tinonton ing wadu | gya sinarungkên samya | Pangeran Jipang [Ji...]

--- 11 ---

[...pang] ngling aris | kurang thithik bae ingsun karya rôndha ||

23. jêng sultan mangsuli sabda | ingsun iya kurang thithik | awèh pakan pêksi gagak | samana Radèn Ngabèi | Loringpasar miyarsi | ujar tan eca rinungu | lir sinêbit karnanya | anggigit wajanirèki | gung pinandêng solahe Arya Panangsang ||

24. angunadika ing driya | nora gêjamak wong iki | kaya wong lanang priyôngga | tan ana ingkang kinèring | ngong mamah kupingnèki | yèn aywa nèng ngarsanipun | Sunan Kudus punika | sang pandhita ngandika ris | dèn aririh aywana saru ing ujar ||

25. payo padha pagunêman | surasaning ngèlmu gaib | mupung nuju apêpanggya | anulya saosan mijil | kinèn dhahara sami | nèng ngarsane Sunan Kudus | anutug dènnya nadhah | wusnya linorod mring wuri | wus binagi marang wadyabalanira ||

26. sawusira sami nadhah | pamit amakuwon sami | ing antara tigang dina | praptanira Kyana Patih | Môncanagara nênggih | angirid punggawanipun | para mantri satriya | sarta kapraboning jurit | tigang lêksa wadya dharat myang turôngga ||

27. kajawine pra dipatya | môncanagara pasisir | gumrêdêg tanpa wilangan | samana sri narapati | ngalih pakuwonnèki | marang bumi Dêmak sampun | ing dhusun Pajungutan | lor wetaning kutha nênggih | ambalabar wadya punggawa ing Pajang ||

28. wadyane Ki Pamanahan | wong ing Sela kathah prapti | apan samya winangsitan | sanengga kaprabon jurit | mangkana sri bupati | karsa tinjo kang bak ayu | mring wukir Danaraja | lawan sawadyanirèki | gumarêdêg wus praptèng patapanira ||

29. Nimas Ratu Kalinyamat |

--- 12 ---

samana sri narapati | duk tumingal ingkang raka | dèrèng luwar dènnya tapi | sangêt ngunguning galih | dènnya maksih sinjang rambut | kang rayi aris turnya | kakang bok luwara nuli | angandika Nimas Ratu Kalinyamat ||

30. ing benjang manira luwar | yèn wus ana kang nanggupi | matèni Si Arya Jipang | yèn durung tan arsa tapih | sanadyan praptèng pati | ingkang rayi aris matur | inggih kang bok luwara | kawula ingkang nyagahi | lawan nuli kundura mring Kalinyamat ||

31. nimas ratu angandika | lamun sira wus nanggupi | ingsun luwar tapaningwang | ing mêngko ngong nganggo tapih | naming saguhirèki | dèn nuli kalakonipun | mas ratu gya sinjangan | kang rayi nulya ngabêkti | Ki Pênjawi Pamanahan milya nêmbah ||

32. kang raka malih ngandika | yèn ingsun sira kon mulih | iya marang Kalinyamat | kakangira salah siji | Pamanahan Pênjawi | angatêrna lakuningsun | inggih dhatêng sumôngga | sang nata nolih ing wuri | lah ki raka Pênjawi andhèrèkêna ||

33. kang liningan tur sandika | anulya umangkat nuli | andhèrèk mring Kalinyamat | ing marga datan winarni | ya ta sri narapati | kundur mring pakuwonipun | nimbali kyana patya | lan sagung para bupati | agêng alit supênuh kadya sarkara ||

4. Dhandhanggula

1. pêpak samya sumiwèng ngarsa ji | pra bupati tinari sadaya | kang saguh matèni mangke | mring Arya Jipang iku | ingkang pêksa anglêlanangi | yèn mati Arya Jipang | sayêmbaraningsun | pan ingsun ganjar nagara | ing Mantaram iya kalawan ing Pathi | kalamun olèh karya ||

2. iya apa panjalukirèki [panjaluki...]

--- 13 ---

[...rèki] | duk samana punggawa ing Jipang | kang samya tinari kabèh | tan wontên ingkang purun | ananggupi dhawuhing aji | awit Ki Arya Jipang | pan sampun misuwur | kaprawiraning ayuda | tanpa tandhing tautate tatal wani | kasab lêmbut tan kewran ||

3. kongsi lami tan ana nanggupi | ya ta Ki Pênjawi Pamanahan | katri kalawan ipene | sira Kiyai Juru | nèng pakuwon rêmbagan sami | ing sayêmbaranira | kangjêng sultan wau | katrinya angrasa wirang | de sadaya tan ana ingkang nanggupi | matèni Arya Jipang ||

4. Kyai Juru angandika aris | iku sayêmbarane jêng sultan | iya gêdhe ganjarane | eman nagri ro iku | ing Mantaram lawan ing Pathi | lah sira sanggupana | sayêmbara iku | amatèni Arya Jipang | wus sêdhênge toh pati ngrêbut nagari | wus jamaking prawira ||

5. Ki Pênjawi Pamanahan angling | sarwi angguguk ing gujêngira | dene agampang ki ipe | pintên suwene sanggup | kalakone nora pinikir | wong Jipang sugih bala | pan salêksa langkung | sadaya sami prawira | Ki Pênjawi aris dènira nauri | inggih lêrês ki raka ||

6. mila wadyèng Pajang samya ajrih | datan ana ingkang nanggupana | Si Jipang abot sanggane | Ki Pamanahan muwus | lamun tandhing padha sawiji | manira nora wêgah | ing sagêndhingipun | milane Jipang kèringan | prajurite akathah tur bêcik-bêcik | mila wrat yudanira ||

7. Kyai Juru gumujêng nauri | lêga têmên rasane tyas ingwang | yèn sira kaduga mangke | gampang paekanipun | pan wong wantêr gone ngakali | mrih kêna pinaeka | yèn sira wus saguh | mêngko [mêng...]

--- 14 ---

[...ko] ngong kang golèk nalar | iya iku nuli sanggupana aglis | sayêmbarane sultan ||

8. padha ngêrig kulawarga sami | tuwin kadang ingkang anèng Sela | akèh yèn ngalumpuk kabèh | benjang kalamun campuh | iya ingsun ingkang botohi | nadyan akèh kêdhika | wong aprang puniku | yèn patitis botohira | dèn pitaya maring sun tan wurung benjing | patine Arya Jipang ||

9. apan ingsun iya wus udani | watêkane Si Arya Panangsang | kaduk wantêr bèr kawanèn | tanpa wêweka iku | yèn tinantang sawanci-wanci | isin lamun wêdia | nadyan kinarubut | saking bantêre tyasira | apa sira wêdi tandhing padha siji | lawan Si Arya Jipang ||

10. lamun ngadu prajuritirèki | Arya Jipang abot sangganira | ènthèng lamun padha ijèn | ya ta wus sami rêmbug | wong têtiga anunggal kapti | Pênjawi aris ngucap | iya kakang Juru | manira nut karsanira | ingsun lawan ki raka darma nglakoni | ya marang pakonira ||

11. lamun sira ingkang ambotohi | ngong tan ajrih lawan Arya Jipang | Ki Juru aris wuwuse | iya ing besuk esuk | lamun sultan miyos tinangkil | padha sira pepea | nèng waringin kurung | ya ta kawarnaa enjang | Sultan Pajang samana miyos tinangkil | supênuh ingkang seba ||

12. sri narendra lênggah ing sitinggil | maksih andugèkkên pangandika | gung anari punggawane | ya sapa ingkang sanggup | wadyaningsun gêdhe myang cilik | matèni Arya Jipang | pra punggawa matur | anyaoskên pêjah gêsang | pan sadaya datan wontên kang nyagahi | amungsuh Arya Jipang ||

13. tigang pandurat tan [ta...]

--- 15 ---

[...n] kêna angling | Sultan Pajang kèmêngan tyasira | sapa kang sun andêlake | de kabèh wadyaningsun | datan ana ingkang nanggupi | matèni Arya Jipang | jrih kadigbyanipun | apa kalakon wak ingwang | anindaki dhewe mring Jipang kadyèki | samana sri narendra ||

14. garjitèng tyas dènnya aningali | ana wong pepe nèng wringin kêmbar | kalangkung sukèng driyane | wus dinuga ing kalbu | yèn wong mangsuk sayêmbarèki | gya kinèn nimbalana | mentar kang tinuduh | prapta ing waringin kêmbar | panggih lawan Juru Manahan Pênjawi | gya ingirit katrinya ||

15. praptèng ngarsa samya atur bêkti | angandika Kangjêng Sultan Pajang | mring Juru Pamanahane | dingarèn kaki Juru | dene têka pepe wong katri | paran ta karsanira | matura maring sun | Pamanahan aturira | apan inggih kawula ingkang nyagahi | sayêmbara sang nata ||

16. sri narendra suka ngandika ris | iya sukur sira ingkang sagah | tan kaliya ganjarane | sokur wani sirèku | lan Si Arya Jipang prang tandhing | matur Ki Pamanahan | pangèstu sang prabu | anglawan pun Arya Jipang | inggih singa tiwas yèn sami satunggil | angabên kaprawiran ||

17. Sultan Pajang langkung sukèng galih | sawusira gya kundur ngadhatyan | bubar kang sewaka kabèh | wau ta kang winuwus | Pamanahan lawan Pênjawi | samya apagunêman | kalawan Ki Juru | rêmbag tumuli bidhalan | katrinira wus samya golong ing galih | datan nêdya mundura ||

5. Durma

1. enjangira Kyai Juru Pamanahan | kalawan Ki Pênjawi | wus samya siyaga | kapraboning ayuda | Ki Juru kang mugarèni | kulawarganya | wus kathah ingkang prapti ||

2. wong ing Sela gêng alit kathah kang prapta |

--- 16 ---

sikêp kaprabon jurit | dharat myang turôngga | anggili praptanira | gêdhe cilik kêrig lampit | sabaya pêjah | anggrêgut solahnèki ||

3. gumarêdêg lampahe agêgolongan | kang putra anèng wuri | Dyan Bèi Lorpasar | nitih turôngga rêkta | pantês busananirèki | nindhihi wadya | ingkang samya sinêlir ||

4. lampahing kang wadya pan kadya wong dagang | pikulan anèng ngarsi | pinrih ywa katara | karya samaring lampah | landhehanira kinardi | mikul babêktan | tindhih nèng wuri têbih ||

5. tan winarna ing marga lampahe prapta | sakilèning bênawi | amakuwon samya | wadya karya pondhokan | tumruntun barisnya prapti | ngumpul atata | anèng pakuwon sami ||

6. myang prawira tamtama kang samya trêsna | kèh nusul prapta icir | arsa labuh jiwa | marang Ki Pamanahan | kawan dasa winatawis | samya prawira | sarêng lampahirèki ||

7. lawan Radèn Angabèi Loringpasar | gumrêdêg lampahnèki | wus praptèng pondhokan | sakilèning bangawan | kali Sore wastanèki | suruping surya | kèndêl alêrêp sami ||

8. nèng pakuwon Ki Pênjawi Pamanahan | samya agunêm kawis | lan Ki Juru ika | tanapi ingkang putra | sira Rahadèn Ngabèi | Saloringpasar | Ki Juru ngandika ris ||

9. kayaparan kabèh mêngko pikirira | Pênjawi matur aris | inggih benjang enjang | angadhang wong ing Jipang | anyêpêng tiyang satunggil | binêktan surat | dimèn ginawa mulih ||

10. ingaturkên nênggih mring bêndaranira | wus rêmbag ya ta enjing | nuduh wadyanira | angadhang wong ing Jipang | tan dangu ana kaèksi | pakathik Jipang | pan lagya mêntas ngarit

--- 17 ---

11. gya cinêkêl binêkta mring pamondhokan | kupingira sasisih | pinêrung ing pêdhang | sisih sinungan layang | sawusnya tinundhung mulih | sira matura | marang lurahirèki ||

12. lawan iku layang ingsun aturêna | mring Arya Jipang nuli | pêkathik anulya | lumayu gêgancangan | samarga akuthah gêtih | saking kupingnya | tan winarna ing margi ||

13. lampahira wus prapta nagari Jipang | nèng jroning kitha sami | kagyat kang tumingal | mring pêkathik lampahnya | dene têka kuthah gêtih | kêkalung layang | kupinge pêrung sisih ||

14. sampun katur marang Kyana Patih Jipang | pêkathik dèn timbali | wus praptèng ngayunan | dinangu aturira | miwiti malah mêkasi | sêrat binuka | marang sira apatih ||

15. Ki Tumênggung Mataun kalangkung duka | wusnya suratirèki | gya binêkta arsa | ngaturkên gustinira | gupuh-gupuh lampahnèki | praptèng ngayunan | mabukuh mundhi tulis ||

16. Arya Jipang samana pan lagya dhahar | kagyat sarêng ningali | yèn patihnya seba | bukuh konjêm ing kisma | pan sarwi amundhi tulis | Arya Panangsang | asru dènira angling ||

17. bapa patih paran ana karyanira | matura aywa wêdi | ya ta kyana patya | umatur sarwi nêmbah | kawula anuwun runtik | dene paduka | pan inggih sawêg bukti ||

18. Arya Jipang aris dènira ngandika | têka matura nuli | aywa walangdriya | apan wus sun apura | iya saluputirèki | ngong sêlak arsa | myarsa aturirèki ||

19. Ki Tumênggung Mataun gya matur nêmbah | kawula tur udani | yèn gêbal paduka | pêkathik katiwasan | pinêrung kupingirèki | kêkalung sêrat | punika ingkang tulis ||

20. asta têngên apan maksih ngêpêl [ngêpê...]

--- 18 ---

[...l] sêga | kang kiwa anampani | surat gya binuka | sinukma ing wardaya | surasane ponang tulis | tunggul panantang | bêbukanirèng ngarsi ||

21. Arya Jipang lamun sira nyata lanang | mêtua ingajurit | sira anabranga | ing kali Sore agya | samêngko ingsun antèni | dudu satriya | yèn sira tan nêkani ||

22. lir sinêbit talingane Arya Jipang | myarsa unining tulis | asru angandika | mring abdi gamêl ika | kinèn ngambili turanggi | si gagakrimang | kêpêlira binanting ||

23. tibèng panjang ambêngira rêmuk sigar | saking srunirèng runtik | salami manira | durung tau tinantang | gya luwaran dènnya bukti | pun gagakrimang | wus sumaos ing ngarsi ||

24. ngadêg saking palênggahan sigra nyandhak | lawungira pinandhi | praptèng palataran | sigra nitih turôngga | gagakrimang cinamêthi | mamprung lir kilat | panandêre kêpati ||

25. kadya mimis bundêr lir tan ngambah lêmah | sumripit kadya thathit | tan nganti wadyanya | saking wantêring driya | bêbêg dening bèr kawanin | punggawanira | gugup samya nututi ||

26. panandêre gagakrimang kadya kilat | Arya Jipang wus prapti | sawetan bangawan | Sore katon gumawang | wong Pajang samya ningali | yèn Arya Jipang | nandêr prapta pribadi ||

27. wong ing Pajang ing Sela prasamya surak | tindhihira nèng ngarsi | prawira tamtama | samya prawirèng yuda | mapankên gamanirèki | Sang Arya Jipang | mèsêm tan paja miris ||

28. sru sêsumbar Pangeran Arya Panangsang | rêbutên ing ajurit | lah payo wong Pajang | padha barênga mara | sira anantang mring mami | payo nabranga | marang wetan bênawi ||

29. wong ing Pajang nauri sira nabranga | mangulon sun tadhahi | tan bêtah miyarsa | sira Arya Panangsang | talingannya lir sinêbit [sinê...]

--- 19 ---

[...bit] | Sang Arya Jipang | kudane dèn camêthi ||

30. tan antara turôngga gêbyur ing toya | gagakrimang anglangi | suka wadya Pajang | wruh Arya Jipang nabrang | sapraptanira ing pinggir | wadya tamtama | angrubut ngrampog wani ||

31. Arya Jipang wus mêntas saking bêngawan | wong Sela anadhahi | lawan wong tamtama | rinampog Arya Jipang | sinosog ing ngarsa wuri | tatu lêmpèngnya | jaringanira mijil ||

32. tan rinasa malah sinampirkên marang | sarungan ususnèki | lan ngamuk manêngah | tan kandhêg amarjaya | wong ing Pajang anadhahi | sami sarosa | riwut awuru gêtih ||

33. Arya Jipang ngamuk lir banthèng katawan | singa katrajang ngisis | tan mulat ing ngarsa | mêrêm pangamukira | wong Pajang kathah ngêmasi | piyak ing ngarsa | ing wuri anangkêpi ||

34. kadya Abimanyu rinêbut Kurawa | Sang Arya solahnèki | wong Pajang myang Sela | kathah longe kang pêjah | nanging tan ana ngunduri | dènnya tumingal | mungsuhe mung sawiji ||

35. ya ta wau Dyan Ngabèi Loringpasar | awas dènnya ningali | wadyanya kèh pêjah | ingamuk Arya Jipang | sigra Rahadèn Ngabèi | mangsah ing rana | têtulung ing wadya lit ||

36. Ki Palèrèd pinandhi sigra manêngah | anitih turanggèstri | wus ayun-ayunan | lawan Ki Arya Jipang | lantaran lawungirèki | samya prawira | rame ungkih-ingungkih ||

37. kudanira Ki Arya pun gagakrimang | duk mulat kuda èstri | ambêkèr gambira | malang megung anujah | lir dênawa ngolang-aling | bigar sarosa | solahe angajrihi ||

38. Arya Jipang nadyakadya kidhung pangulahnya | marang lawungirèki | siniwo ing kanan | kalimpe linarihan |

--- 20 ---

marang Rahadèn Ngabèi | saking dharatan | kêna jajanirèki ||

39. kaprawasa tatas têrus ing walikat | rosane kang nglarihi | narajang ing tulang | andrês ludiranira | arsa malês tan ngudhili | Sang Arya Jipang | wus tumêka ing têkdir ||

40. datan mindho niba saking kudanira | sang arya angêmasi | suka wadya Pajang | sang arya kuwandanya | apan sampun dèn bêciki | mring wadya Sela | ya ta Radèn Ngabèi ||

41. Loringpasar ngungun miyat waosira | Kyai Palèrèd gêmpil | ing pucuk watara | ana satugêl bêras | langkung gêgêtuning galih | tuhu prawira | Si Arya Jipang iki ||

42. Ki Tumênggung Mataun mangsah ing yuda | sêdya bela ing gusti | angamuk manêngah | tinadhahan ing kathah | ki tumênggung wus ngêmasi | murda tinigas | anèng madyaning jurit ||

43. gya pinanjêr anèng pinggiring bangawan | punggawanya gêng alit | ing Jipang kèh prapta | muntab ngêbêki papan | sang arya sedanirèki | pan sinêngkalan | wiku sapta hèr nabiSengkalan: wiku sapta hèr nabi (1377 A.J.). ||

44. wadyanira ing Jipang tanpa wilangan | nanging sadaya sami | kandhêg lampahira | anèng wetan bêngawan | duk myarsa gustine lalis | wadya ing Jipang | tyasira samya kingkin ||

6. Asmaradana

1. sira Rahadèn Ngabèi | Loringpasar asêsumbar | astane angawe-awe | hèh wong Jipang kawruhana | gustimu wus palastra | utawa pêpatihipun | iya wis padha palastra ||

2. sun panjêr sirahirèki | anèng pinggiring bangawan | apa karêpira mangke | yèn sira pêksa manglawan | abela gustinira | payo nabranga sadarum [sadaru...]

--- 21 ---

[...m] | marang kuloning bêngawan ||

3. sagêndhingmu sun tadhahi | samana wadya ing Jipang | sadaya kêkês manahe | rinasa datan kawawa | yèn lawana ing yuda | de gustine wus kasambut | wus rêmbug sadayanira ||

4. gya nabrang bangawan sarwi | anggulung banderanira | nungkul ambongkok waose | wus tinampan wadya Pajang | wong Jipang panungkulnya | Kyai Juru nulya kundur | sawadyane masanggrahan ||

5. wus prapta pakuwon sami | Kyai Juru angandika | mring Manahan Pênjawine | paran mêngko rêmbugira | de wus rampung ing karya | ingkang liningan umatur | sumôngga karsa paduka ||

6. kawula darmi nglampahi | punapa ing rèh paduka | Ki Juru ngandika alon | patine Si Arya Jipang | sutanta kang marjaya | yèn sira matura tuhu | iya marang kangjêng sultan ||

7. kalamun putranirèki | Si Ngabèi Loringpasar | iya ingkang olèh gawe | amatèni Arya Jipang | sêtun ganjaranira | arta busana kang luhung | iku watara manira ||

8. ya nora antuk nagari | dene ta kalamun sira | ingkang ngakoni wong roro | kang matèni Arya Jipang | pasthi tômpa ganjaran | kang dadi ubayanipun | ing Pathi lawan Mataram ||

9. pan inggih lêrês kadyèki | lah yayi aja sulaya | benjang ingaku wong roro | patine Si Arya Jipang | saking sira lan ingwang | kang rayi pan sampun rêmbug | Ki Juru pratikêlira ||

10. tuwin Rahadèn Ngabèi | Loringpasar tan suwala | ingkang rama pratikêle | ginalih sampun prayoga | kang dadya rêmbagira | ingkang rama katrinipun | badhe aturnya mring

--- 22 ---

sultan ||

11. ya ta enjangira nuli | budhal saking pasanggrahan | gumarêdêg sabalane | wong Jipang lawan ing Pajang | asarêng lampahira | wus dadya sawiji ngumpul | utawa wadya ing Sela ||

12. sri tinon lampahing baris | neka busananing wadya | tanpa wilangan kathahe | ing marga datan winarna | siyang dalu lumampah | samana pan sampun rawuh | talatah nagari Pajang ||

13. lajêng lampahira manjing | nagara ya ta jêng sultan | nuju siniwèng wadyane | Ki Juru Pênjawi lawan | Kiyai Pamanahan | prapta umarêg sang prabu | wus katur sasolahira ||

14. Ki Panjawi matur aris | gusti punika katura | Arya Panangsang lawunge | kang kinarya magut ing prang | lan dhuwung sakêmbaran | nguni kang kinarya ngamuk | kaatura padukendra ||

15. sang nata ngandika aris | inggih ki raka andika | ingkang angêntasi gawe | nagri Pathi tampanana | dadya ganjaranira | dene ki raka kang sêpuh | gênti ing benjang kewala ||

16. wusnya ngandika sang aji | nulya kundur angadhatyan | ginarêbêg pawongane | Ki Pênjawi sukèng driya | de wus angsal ganjaran | kalawan jinunjung lungguh | Ki Agêng ing Pathi ika ||

17. apan nagara ing Pathi | cacahing karya salêksa | Ki Panjawi suka tyase | kalangkung mukti wibawa | mung Kyai Pamanahan | kalangkung susahing kalbu | dèrèng nampèni ganjaran ||

18. apan nagri ing Matawis | kang badhe ganjaranira | nging dèrèng pinaringake | marang Kyai Pamanahan | pan maksih sinêmayan | langkung dènnya ngayun-ayun | sira Kyai Pamanahan ||

19. Ki

--- 23 ---

Juru amituturi | sabarêna karsanira | manawa durung wêktune | ing saiki bêgjanira | dèn narima kewala | pandugaku nora wurung | mokal lamun ratu cidra ||

20. pan sampun antara lami | durung ana wartanira | mulunging galih sang katong | tyasira Ki Pamanahan | sangsaya drênging karsa | têtela cidra sang prabu | samana Ki Pamanahan ||

21. gya kesah saking nagari | sakalangkung wirangira | dadya anglalu manahe | apan arsa adhêdhêkah | tapa amati raga | ing Sêkarlampir jinujug | pribadi tan mawi rowang ||

22. sapraptaning Kêmbanglampir | nèng ngriku lajêng dhêdhêkah | sangêt amati ragane | wirang kalamun sebaa | marang Jêng Sultan Pajang | èngêt cidrane sang prabu | pinilaur adhêdhêkah ||

23. kunêng gantya kang winarni | jêng sunan ing Kalijaga | datan samar paningale | pandhita angraga suksma | wikan dèrèng winarah | anulya tumêdhak gupuh | têtinjo Ki Pamanahan ||

24. sakêdhap praptèng Banglampir | kagyat Kyai Pamanahan | myat Sunan Kali praptane | kalangkung asrêp ing driya | mabukuh anèng ngarsa | amba tan susah umatur | tuwan môngsa kilapana ||

25. Sunan Kali ngandika ris | ya pagene kaki sira | têka dhêdhukuh nèng kene | apa kang dadi tyasira | dene ta ratunira | lawan sira tunggal guru | têka sumingkir nèng desa ||

26. Pamanahan matur aris | kawula anuwun duka | mangkya putranta sang katong | amaleca ing ubaya | inggih dhatêng kawula | yêkti tan rêna tyas ulun | angawula ratu cidra ||

27. mèsêm Jêng Susunan Kali | dumadya aris ngandika | lah wus aywa winiraos |

--- 24 ---

iya manira wus wikan | marang ing karêpira | piturutên karsaningsun | ingsun panggihakên sira ||

28. pribadi lawan sang aji | aywa sumêlang tyasira | mêngko ingsun sulangake | karsanira Sultan Pajang | kalamun tan prayoga | iya manira kang matut | aja sira walangdriya ||

29. alah payo nuli mulih | marang nagara ing Pajang | sira katêmua dhewe | wus kerid Ki Pamanahan | mring Sunan Kalijaga | ing marga datan winuwus | wus prapta nagari Pajang ||

30. anjujug ing dalêm puri | dumrojog tanpa larapan | sapraptanirèng kadhaton | jêng sultan kagyat tumingal | praptane Jêng Suhunan | Kalijaga sang aprabu | tur sêmbah atur pambagya ||

31. wusnya tata lênggah sami | Sunan Kali angandika | iya praptaningsun kene | manira miyarsa warta | ing sayêmbaranira | Si Panangsang patinipun | sira gantungi ganjaran ||

32. ing Mataram lan ing Pathi | kang sawiji wus kalakyan | mring Pênjawi ganjarane | mung rakanta Pamanahan | kang durung nampanana | apan iku ubayamu | tumuli lêksananana ||

33. aywa maleca ing jangji | anggêmpalake darajad | yèn ratu cidra ujare | Sultan Pajang matur nêmbah | alêrês sabda tuwan | ngong tan nêdya cidrèng wuwus | saking pangangkah kawula ||

34. de nagri Mataram mangkin | maksih risak kadya wana | sanadyan ngong paringake | ing benjang yèn sampun rêja | yèn kakang Pamanahan | kasêsa ing manahipun | mintaa sanèsing praja ||

35. inggih kawula paringi | Sunan Kali malih nabda | lah iya aywa mangkono | karana sira wus sagah | nadyan gêmah rusaka | ya nuli paringna gupuh |

--- 25 ---

ywa pakewuh roning kamal ||

7. Sinom

1. dangu tan sagêd ngandika | sultan kèmêngan ing galih | arsa datan ingaturna | kang dadya raosing galih | dadya cidra ing batin | sayêkti ajrih mring guru | dadya matur anêmbah | dhuh inggih sang maha yêkti | pramilane makatên atur kawula ||

2. pan inggih wirayatira | saking Jêng Susunan Giri | ing nagri Mataram benjang | wontên jumênêng narpati | amêngku tanah Jawi | Sunan Kali ngandika rum | lah iya jêbèng Pajang | sanadyan mangkono gampil | kon prasêtya kakangira Pamanahan ||

3. sira kulup Pamanahan | prasêtyaa sun èstrèni | kang liningan matur nêmbah | inggih sandika sang yogi | amba tuwan saidi | kalamun darbea kayun | arsa jumênêng nata | wontên nagari Matawis | pan kawula sampun amanggih raharja ||

4. kalamun darbea cipta | kadya mangkana wak mami | utawi nêdya ngêndhiha | karaton ing Pajang mangkin | sumôngga awak mami | pêjah gêsang ulun katur | sintên ingkang wikana | lêlampahanirèng wuri | langkung aib karsane Sang Murbèng Jagad ||

5. susunan ing Kalijaga | mèsêm angandika aris | iya bênêr ujarira | datan ana ingkang sisip | Sultan Pajang miyarsi | kalangkung lêga ing kalbu | tan wrin ujar kerasan | Sunan Kali ngandika ris | lah wus nuli jêbèng Pajang apasraha ||

6. iya nagara Mataram | marang ing kakangirèki | Sultan Pajang aturira | sumôngga ing asta kalih | kakang dika tampani | padesan nagri Matarum | ananging maksih bêra | Pamanahan matur inggih | anampani

--- 26 ---

ganjaran bumi Mataram ||

7. Sunan Kali angandika | jêbèng Pamanahan nuli | muliha maring Mataram | boyonga saanak rabi | manira angidèni | tuluse dènnya sadulur | lah wus padha karia | manira pan laju mulih | kalihira manêmbah angaras pada ||

8. sakundure sang pandhita | Sultan Pajang ngandika ris | inggih kakang Pamanahan | prayogi atur udani | maring kakangbok nênggih | Kalinyamat Nimas Ratu | kang raka aturira | inggih sumôngga sang aji | inggih benjang enjang kewala budhalan ||

9. sultan gya kundur ngadhatyan | ginarêbêg para cèthi | Pamanahan nulya mêdal | mantuk mring wismanirèki | wus panggih lan kang rayi | utawi Kiyai Juru | Pamanahan ris nabda | jêng sultan karsanirèki | benjang enjang têdhak maring Danaraja ||

10. ing dalu datan winarna | ya ta kawuwusa enjing | jêng sultan miyos ing pura | ginarbêg wadya gêng alit | Pamanahan Pênjawi | tan kari lawan Ki Juru | rikat lampahing wadya | ing marga datan winarni | sampun prapta padhepokan Danaraja ||

11. Nimas Ratu Kalinyamat | gupuh amêthuk kang rayi | wus binêkta manjing wisma | satata lênggahirèki | sultan umatur aris | dhuh kakangbok prapta ulun | angaturi uninga | Arya Jipang wus ngêmasi | ing samangkya luwarên subratanira ||

12. Nimas Ratu Kalinyamat | mèsêm angandika aris | mring kang rayi Sultan Pajang | yayi sapa kang matèni | kang rayi matur aris | Pamanahan wastanipun | wong kalih lan arinya | ingkang wasta Ki Pênjawi | Kyai Juru ingkang dadya botohira ||

13. Nimas Ratu Kalinyamat | lah ing mêngko ana ngêndi | wong têlu kang olèh karya | padha timbalana aglis [agli...]

--- 27 ---

[...s] | inggih wontên ing jawi | nulya tinimbalan gupuh | tan dangu praptèng ngarsa | katrinya samya tur bêkti | sawusira atata lênggah ing ngarsa ||

14. jêng sultan aris turira | lamun pinarêng ing galih | kawula nuwun wasiyat | kang masthi tilarirèki | dhuwung lan waos nênggih | punika kawula suwun | kang raka aris nabda | iya sakarsanirèki | iya iku wasiyate kakangira ||

15. dhuwung pinaringkên nulya | tinampan lajêng winangking | myang waose wus katampan | jêng sultan suka ing galih | ing solah tan winarni | sultan wus pamit kundurKurang satu suku kata: jêng sultan wus pamit kundur | kalilan lajêng budhal | Pamanahan lan Panjawi | datan sarêng lan jêng sultan maskêmambang ||

8. Maskumambang

1. tan winarna jêng sultan kundurirèki | wus prapta ing Pajang | ya ta wuwusên kang kari | Ki Panjawi Pamanahan ||

2. nêmbah matur kawula atur udani | pun Arya Panangsang | kawula ingkang mêjahi | wontên samadyaning rana ||

3. inggih lawan rayi kula pun Panjawi | pan sampun ginanjar | inggih nagari ing Pathi | kawula inggih ginanjar ||

4. mring rayinta nênggih nagari Matawis | cacahira dhomas | nimas ratu ngandika ris | lah iya wus bêgjanira ||

5. wus pêsthine Pamanahan sun ngèngèri | tan etung sapadang | sapanginasapanginang sun ngèngèri | Pamanahan aturira ||

6. mila amba tan dhèrèk kundur sang aji | nuwun babrêkatan | nimas ratu ngandika ris | lah punapa karsa dika ||

7. Nimas Ratu Kalinyamat ngandika ris | mring parêkanira | lah padha wêtokna aglis | sakèhing kang babrêkatan ||

8. kang tinuduh sandika nulya angambil | sagunging pusaka | sadaya binêkta mijil | sinaoskên mring ngayunan ||

9. Nimas Ratu Kalinyamat ngandika ris [ri...]

--- 28 ---

[...s] | mring Ki Pamanahan | lah êndi kang sira pilih | Pamanahan aturira ||

10. pan kawula nuwun brêkatan kang adi | mas ratu ngandika | apan iya namung iki | têtilare kakangira ||

11. ingkang adi iya iki rupa singsim | ya wus bêgjanira | sapa ingkang nganggo iki | dadya ratu tanah Jawa ||

12. pan mangkono ujare kang masiyati | sajagad tan ana | ing Mêkah asale nguni | timbangane Balambangan ||

13. tatkalane tuwan sèh arabi putri | putri Balambangan | sauluk rêgane dhingin | tinilarkên mring kang garwa ||

14. gya pinundhut singsimira sing dariji | mirah dalima bang | intên adi kang sawiji | samya sauluk rêganya ||

15. gya tinampan kang singsim wau sarakit | mring Ki Pamanahan | langkung panuwunirèki | mring Mas Ratu Kalinyamat ||

16. katrinira kalangkung suka ing galih | wusnya gya pamitan | linilan tur sêmbah sami | lèngsèr saking ing ngayunan ||

17. lajêng kundur ingiring wadyanirèki | gumrêdêg lampahnya | anjujug Nglawiyan sami | arsa lajêng mring Mataram ||

18. Kyai Juru pangandikanira aris | nadyan mring Mataram | bêcik pamita sang aji | apadene putranira ||

19. si ngabèi iya bêcik padha pamit | mring ramane sultan | sadaya amituruti | Ki Juru sri natanira ||

9. Sinom

1. enjienjing Kyai Pamanahan | wus ngrasuk busana adi | arsa marêk mring jêng sultan | para putranya nèng ngarsi | pan arsa dhèrèk maring | ing Mataram kunduripun | kang wanodya putranya | kêkalih pan sampun krami | ingkang sêpuh antuk Ki Tumênggung Mayang ||

2. ingkang anèm sampun krama | antuk Arya Dhadhaptulis | punggawa ing nagri Pajang | sadaya putranirèki | kêdah arsa umiring | ingkang

--- 29 ---

rama kunduripun | marang nagri Mataram | ingkang rama mituruti | Pamanahan sawusira abusana ||

3. sigra budhal saking wisma | arsa seba mring jro puri | lawan para putranira | myang Ki Juru lan Panjawi | ing marga tan winarni | sampun prapta jro kadhatun | sultan nuju sineba | ing wadyanira gêng alit | Pamanahan lajêng mring byantara nata ||

4. manêmbah aris turira | dhuh pukulun sri bupati | kawula anuwun lilah | arsa mantuk mring Matawis | lawan saanak rabi | sami kalayu ayun wruh | yèn wus parêng ing karsa | kawula bidhal samangkin | Sultan Pajang aris dènira ngandika ||

5. inggih ki raka manira | angsung salamêt ing margi | muga ywana sangsayanya | inggih lunga myang kang kèri | pan samya abasuki | tulusa pawong sadulur | Ki Pamanahan aturnyaLebih satu suku kata: Ki Pamanahan turnya | inggih kalangkung kapundhi | ing pangèstu paduka marang kawula ||

6. jêng sultan malih ngandika | ki raka ingsun parabi | Kyai Gêdhe ing Mataram | sadaya samya ngèstrèni | Pamanahan tur bêkti | marang kangjêng sang aprabu | myang para putranira | sadaya samya ngabêkti | sawusira jêng sultan kundur ngadhatyan ||

7. sira Ki Agêng Mataram | lan para putranirèki | samya mundur saking ngarsa | sapraptanira ing panti | Ki Agêng ing Matawis | pinarak lan rabinipun | myang para putranira | tata bêbêktanirèki | ingkang badhe ginawa maring Mataram ||

8. garwane Tumênggung Mayang | kalawan Ki Dhadhaptulis | kêdah umiring kang rama | marang nagari Matawis | Ki Agêng tan nglilani | aywa milu putraningsun | têmahan karya susah | tyase lakinira nini | benjang bae tinjoa lan lakinira ||

9. ing solah datan winarna | ya ta Ki Agêng Matawis [Matawi...]

--- 30 ---

[...s] | wus budhal sawadyanira | gumrêdêg lampahirèki | pikulan mungging ngarsi | kang bêkta brak-abrak sêlur | Ki Agêng nitih kuda | tinandhu garwanirèki | tan winarna ing marga lampahe prapta ||

10. ing dhusun Taji araryan | anèng ngandhaping waringin | ya ta wau kang kocapa | Ki Gêdhe Karanglo nênggih | wus miyarsa pawarti | Pamanahan kunduripun | uninga lamun raryan | Ki Karanglo gya marani | atur suguh sêkul ulam myang dhaharan ||

11. lan rabine sami bêkta | pêcêl pitik jangan mênir | praptèng ngarsa aris turnya | punika ulun ngaturi | inggih jampi kalantih | sapala sêkul sananjung | môngka tôndha katrêsnan | lan wening dêgan satunggil | Kyai Agêng Mataram mèsêm ngandika ||

12. lah inggih langkung anêdha | pasihan dika kiyai | sunggata nulya dhinahar | sagarwa putranirèki | pikantuk dènnya bukti | lorodan binagi sampun | mring kulawarganira | warata sadaya sami | Kyai Agêng Mataram aris ngandika ||

13. kalangkung panêdhaningwang | sih andika mring wak mami | manira arsa lajua | mantuk marang ing Matawis | Kyai Karanglo angling | inggih kawula tumuntur | andhèrèk ing paduka | inggih sumôngga kiyai | sigra budhal Ki Agêng sawadyanira ||

14. warnanên kang lagya siram | anèng kali Opak nênggih | susunan ing Kalijaga | Pamanahan duk udani | gupuh amalajêngi | wruh kalamun gurunipun | praptèng ngarsa tur sêmbah | nungkêmi padanirèki | ingkang têngên ingaras Ki Pamanahan ||

15. Ki Gêdhe Karanglo gêpah | mangaras padanirèki | ingkang kiwa sinungkêman | Jêng Sunan Kali ngling aris | pan wus bêgjanirèki | iya Si Karanglo iku | milua mukti benjang | anèng nagari Matawis | iya lawan ing satêdhak turunira ||

16. nanging sira nora kêna | sinêbut radèn ing

--- 31 ---

benjing | iya ing saturunira | iku poma wêkas mami | elingên aywa lali | warahên anak putumu | wis ta padha mangkata | aywa kêsuwèn nèng ngriki | kang liningan tur sêmbah nulya umangkat ||

17. gumarêdêg lampahira | langkung kathah kang umiring | Kyai Karanglo tan têbah | ing marga datan winarni | wus prapta ing Matawis | Ki Agêng ingkang jinujug | sakilèning widara | ingkang arsa dèn wismani | tan winarna wus samya tata pomahan ||

18. wadya putra myang santana | wus samya tata miranti | bêbanjêngan wismanira | tuwin Ki Juru Martani | karya dhepok pribadi | tan têbih panggenanipun | lan Ki Agêng Mataram | samana alami-lami | ing Mataram arjane saengga praja ||

19. wong desa kang têbah-têbah | kathah ngungsi mring Matawis | prasami milwa gêgriya | tulus kang tinandur tuwin | murah sandhang lan bukti | saya tambah arjanipun | têntrêm manahing wadya | ing solah datan winarni | ya ta wau sira Ki Agêng Mataram ||

20. wus lami antaranira | dènnya nèng nagri Matawis | samana pan arsa seba | marang ing Pajang nagari | enjang siyaga nuli | budhal saking ing Matarum | rikatan lampahira | dènira miyarsa warti | Sultan Pajang pan arsa sowan mring Arga ||

21. mring Sunan Parapèn ika | Ki Agêng lampahnya prapti | ing Pajang wau jêng sultan | wus arsa budhalan nuli | ki agêng ing Matawis | lajêng andhèrèk sang prabu | wadyabala ing Pajang | kathah kang samya umiring | tan winarna ing marga pan sampun prapta ||

22. anèng ing Giri kadhatyan | susunan lagya siniwi | pêpak kang seba ing ngarsa | sagunging para bupati | Japan Wirasabèki | ingkang cakêt mungging ngayun | Dipati Surabaya | Pasuruan lan Kadhiri | pra dipati bang wetan pêpak [pê...]

--- 33 ---

[...pak] sadaya ||

23. tuwin Dipati Madura | Sêdayu samya anangkil | ing Pathi lawan ing Tuban | samana sri narapati | ing Pajang praptanèki | ingancaran sampunKurang dua suku kata: apan ingancaran sampun | anèng babut rinêngga | tuwin Ki Agêng Matawis | lawan para bupati wus samya lênggah ||

24. samana pan sinêngkalan | pêksi astha warna ajiSengkalan: pêksi astha warna aji (1481 A.J.). | Sultan Pajang ingèstrènan | jumênêngira narpati | sawusira anuli | sunggata sumaos ngayun | wus sami kinon dhahar | tuwin kang para bupati | pan sadaya wus samya kêmbulan dhahar ||

25. Sunan Parapèn ngandika | hèh sagung para bupati | kabèh anak putuningwang | padha runtuta samiKurang satu suku kata: padha aruntuta sami | lawan kadangirèki | aywana salayèng kalbu | dèn atut akêkadang | ingsun têtêdha ing Widhi | salamêta ing dunya praptèng akherat ||

26. tur sêmbah ingkang liningan | pangèstu paduka mugi | inggih nastijaba marang | para putra sadayèki | ya ta dènira bukti | wus dugi linorod sampun | marang pamburinira | warata sadaya sami | Kyai Gêdhe Mataram agung sinawang ||

27. marang Jêng Sunan Prawata | hèh ki jêbèng Pajang iki | dasih ta kang anèng wuntat | ya sapa wastanirèki | Sultan Pajang turnya ris | inggih punika pukulun | kadang amba kang nama | Kyai Agêng ing Matawis | ing samangkya wus gêgriya ing Mataram ||

28. yèn mangkono kadangira | iya konên lungguh nginggil | ing kono nunggala lawan | sagunging para bupati | sultan ngandika maring | Ki Agêng Mataram gupuh | kakang andika minggah | Ki Agêng gya lênggah nginggil | sang pandhita aris dènira ngandika ||

29. dhuh sadaya putraningwang | padha piyarsakna sami | iku Si Gêdhe Mataram | karsaning Hyang Maha Luwih | anak putune benjing | kang mêngku tanah Jawèku | kongsi têrah-tumêrah | samya ngidhêp mring Matawis [Matawi...]

--- 34 ---

[...s] | Kyai Gêdhe Mataram myarsa wirayat ||

30. ingkang Sinuhun Prawata | samana Kyai Matawis | gya nêmbah mangaras pada | marang sinuhun ing Giri | sangêt sukur ing Widhi | sira Ki Agêng Matarum | mring sang raja pandhita | malih angandika aris | narimaa marang wahyuning Pangeran ||

31. ya ta Ki Gêdhe Mataram | ngaturkên dhuwungirèki | marang sang raja pandhita | nging sang yogi tinampèni | samana pra bupati | miyarsa wirayatipun | Kyai Gêdhe Mataram | cinêtha amutêr bumi | duk samana sira sang raja pandhita ||

32. pan arsa karya talaga | sadaya para bupati | pan samya milwa tumandang | tan winarna sampun dadi | toyanya langkung wêning | ingaran têlaga patut | sakèhe pra dipatya | sadaya sami ningali | nagri mônca pinatut anèng talaga ||

33. ri sampunira mangkana | sagunging para bupati | wus kinèn kundur sadaya | dènira sang maha yêkti | gya mundur sadayèki | sowang-sowangan umantuk | tuwin Jêng Sultan Pajang | pan sampun tinundhung mulih | tuwin sira Kiyai Gêdhe Mataram ||

34. sarêng mundur saking ngarsa | ing marga datan winarni | wus prapta ing nagri Pajang | jêng sultan lajêng mring puri | gung ginagas ing galih | wirayatira sang wiku | tuwin wadya punggawa | sadaya ngungun ing galih | marang wêcanira Ki Agêng Mataram ||

35. rêntênging driya jêng sultan | rinasa karasèng galih | wasana pinuntu ing tyas | yèn wus têkdiring Hyang Widhi | roncene tan winarni | samana Kyagêng Matarum | wus mantuk sawadyanya | marang nagari Matawis | praptèng wisma wêwarah mring rabinira ||

36. wirayate sang pandhita | kang garwa suka ing galih | tuwin pra putra wandawa | miyarsa sukur ing Widhi | samana ing Matawis | sangsaya sru

--- 35 ---

arjanipun | gêmahe lir nagara | ayêm tyase kang wadya lit | murah sandhang tulus kang tinandur dadya ||

37. sira Ki Agêng Mataram | kalangkung wibawa mukti | myang sakulawarganira | sadaya milu amukti | langkung pinundhi-pundhi | Ki Agêng mring anak putu | gêng alit wong Mataram | anggêpe samya anggusti | tuwin marang Kyai Juru ya mangkana ||

38. tan towang ing sabên môngsa | seba mring Pajang nagari | tur-atur pamêtunira | ing Mataram sawarnaning | marang sri narapati | ya ta Ki Agêng Matarum | nandhang gêrah sarira | sampun tumêka ing têkdir | Kyai Agêng Mataram atilar donya ||

39. kundur maring rahmatulah | gumuruh swaraning tangis | garwa putra myang santana | prasami lara anangis | ing solah tan winarni | layon pinaripurna wus | pinêtak ing Mataram | kang kari samya prihatin | Kyai Juru Martani milwa sungkawa ||

40. sawusira pitung dina | Kyai Juru Amartani | nimbali sagung pra putra | agêng alit jalu èstri | wus pêpak anèng ngarsi | Kyai Juru ngandika rum | sadaya putraningwang | payo maring Pajang nagri | tur uninga marang Kangjêng Sultan Pajang ||

41. yèn ramanira palastra | paran karsanya sang aji | sapa ingkang ginêntèkna | ya marang ramanirèki | iya anèng Matawis | bêcik sebaa sadarum | marang nagari Pajang | manira ingkang angirid | para putra sadaya matur sandika ||

42. enjang wus sami busana | sawadyanya amiranti | kang umiring sawatara | gya budhal saking Matawis | gumrêdêg lampahnèki | pangarsa Kiyai Juru | lancaran lampahira | ing marga datan winarni | Kyai Juru wus prapta nagari Pajang ||

43. lan sakulawarganira | samana sri narapati | nuju miyos siniwaka | supênuh wadya ing ngarsi | Ki Juru Amartani | pepe nèng waringin kurung | lan para putranira | tumungkul konjêm ing siti

--- 36 ---

| katingalan dènira sultan ing Pajang ||

44. ngandika lih iku sapa | kang pepe soring waringin | lah bocah gandhèk dèn agya | dangunên ika wong ngêndi | sandika kang tinuding | nêmbah mundur saking ngayun | prapta waringin kêmbar | kang pepe dinangu sami | dening abdi gandhèk kang kinon mariksa ||

45. kisanak kang pepe samya | andika tiyang ing pundi | dene ta saanak rayat | Kyai Juru anauri | kula tiyang Matawis | pan inggih andika matur | dhumatêng kangjêng sultan | kula pun Juru Martani | inggih badhe atur uninga sang nata ||

46. lamun Ki Gêdhe Mataram | ing mangkya sampun ngêmasi | [...]Kurang dua baris ke-3 dan 4. | dika aturkên nuli | marang gusti sang aprabu | wong gandhèk wangsul nulya | marang ngarsane sang aji | matur nêmbah kawula sampun dinuta ||

47. mariksa kang pepe samya | pan inggih aturirèki | Kyai Juru ing Mataram | inggih badhe tur udani | dhumatêng paduka ji | yèn kadangira wus lampus | anênggih ingkang nama | Kiyai Agêng Matawis | duk miyarsa sira jêng sultan ing Pajang ||

48. kalangkung ngunguning driya | sigra kinèn animbali | Kyai Juru saputranya | tan dangu prapta ing ngarsi | wusnya sami tur bêkti | Kyai Juru sigra matur | purwa madya wasana | wus katur sadaya sami | kangjêng sultan aris pangandikanira ||

49. lah iya satilarira | ki raka Gêdhe Matawis | kang pantês anggêntènana | ya sutèngsun Si Ngabèi | Loringpasar kang wajib | têtêpa anèng Matarum | gêntyanira manira | ingsun paringi wêwangi | Senapati Ngalaga dene ta sira ||

50. sun pitaya angêmonga | ya marang sutanirèki | pan sira katêmpuh tuwa | ana Mataram samangkin | aywa seba rumiyin | yèn durung jangkêp sataun | muriha arjanira | dhukuhira [dhukuh...]

--- 37 ---

[...ira] ing Matawis | dimèn têntrêm sutanya asmaranira ||

10. Asmaradana

1. jêng sultan kasmaran mèksi | mring wanodya randhanira | Kyai Agêng Matarame | garwa kang anèm pribadya | apan dèrèng pêputra | karsanya mangkya pinundhut | Ki Juru èmêng ing driya ||

2. wasana sumanggèng kapti | ajrih kalamun matura | datan winarna solahe | Ki Juru lan para putra | pamit arsa mantuka | marang nagari Matarum | kalilan mundur sing ngarsa ||

3. Tumênggung Mayang ing mangkin | kêdah tumut mring Mataram | lawan sagarwa putrane | nging kang raka Senapatya | sangêt pamambêngira | piturutên ujar ingsun | aywa milu mring Mataram ||

4. ya ta enjangira nuli | Ki Juru saputranira | sadaya budhalan age | ing marga datan winarna | wus prapta ing Mataram | Senapati lan Ki Juru | kalangkung mukti wibawa ||

5. sangsaya arjanirèki | Mataram gêmah aripah | wus kadya nagara gêdhe | kunêng malih kang winarna | sira Tumênggung Mayang | putranya jalu abagus | pêparab Radèn Pabelan ||

6. nanging balunthah tyasnèki | tinari krama tan arsa | langkung bêlasar tindake | dènnya karêm ing wanodya | tan pilih kang utama | sadhengah wadon kinayun | kang rama kalangkung susah ||

7. baguse datanpa tandhing | ing Pajang tan ana memba | Radèn Pabelan warnane | nanging tyasira tan lana | kang rama langkung susah | myat tingkahe sutanipun | suka tumêkèng palastra ||

8. dahat pakèwêding galih | sira Ki Tumênggung Mayang | wusnya kapanggih ciptane | ingkang putra tinimbalan | tan dangu praptèng ngarsa | kang rama ngandika arum | marmane sira sun undang ||

--- 38 ---

9. wus diwasa sira kaki | sêdhênge amangun krama | aja manggung lamban bae | iya kulup amiliha | sutaning pra dipatya | ing Pajang sadayanipun | êndi sênênge tyasira ||

10. ingsun ingkang minangkani | kang putra umatur nêmbah | anuwun duka samangke | dèrèng darbe cipta krama | wikan ing têmbenira | kang rama ngandika asru | aywa mangkono nak ingwang ||

11. yèn kabanjur sira kaki | dènnya karêm ambêlasar | samar tan bêcik ucape | ywa ambodhokkên wong tuwa | manira pan wus wikan | marang pratingkahirèku | dene yèn sira amêksa ||

12. tan mituhu karsa mami | lah aja tanggung wasisan | bêgja urip bêgja layon | iya kalamun manira | angur baya ngaraha | marang putrine sang prabu | Kusuma Sêkaringpura ||

13. iya yèn kalakon mami | sang putri asih mring sira | nadyan kawênangan dene | iya marang sri narendra | yèn ana bêgjanira | ingapura mring sang prabu | awit pamothahing putra ||

14. sanadyan tumêkèng pati | tan kuciwa loking jana | pantês dèn êtohi layon | Kusuma Sêkaringpura | wêwangi karêmira | lah sira miyanga kulup | iki sun gawani sêkar ||

15. argulo gambir malathi | saconthong sira ngadhanga | ing marga parapatane | yèn ana parêkan liwat | dutane sang kusuma | nuli aturêna iku | dèn rêmit pratingkahira ||

16. kang putra sandika nuli | puspita wus tinampanan | nêmbah mundur sing ngarsane | rêrikatan lampahira | wus prapta galedhegan | radèn kèndêl nganguk-anguk | nulya na wadon lumampah ||

17. pribadi saking jro puri | ni êmban arsa mring pasar | pinarpêkan mring rahadèn | wus parêk radyan têtanya |

--- 39 ---

dika kèndêl sakêdhap | sampun dadya tyasirèku | manira aayun têtanyaLebih satu suku kata: manira ayun têtanya ||

18. andika punika nyai | punapa abdi jro pura | ni êmban aris ature | pan inggih anggèr kawula | won-awon êmbanira | Sang DyaDyah Sêkaringkadhatun | lampah kawula dinuta ||

19. mring pasar têtumbas sari | gambir malathi cêpaka | rahadyan garjita tyase | dadya aris angandika | ni êmban yèn sêmbada | kawula nyaosi santun | sampun susah dika tumbas ||

20. punika atur nèng gusti | saconthong awarna-warna | ni êmban sukèng driyane | kang sêkar nulya tinampan | sarwi aris têtanya | mangkya yèn ulun dinangu | paduka sintên sinambat ||

21. rahadèn ngandika aris | yèn dika tanya maringwang | Radèn Pabelan ran ingong | putrane Tumênggung Mayang | ngong sutane kang tuwa | ni êmban suka tyasipun | tumon baguse rahadyan ||

22. ni êmban micarèng ati | baya iki raganira | kang dadya kondhanging akèh | para dyah jroning kadhatyan | samya kasmaran warta | satuhu kalamun bagus | pantês lamun kinêsmaran ||

23. andika kondur wong sigid | kawula wangsul mring pura | angaturakên sêkare | Radèn Pabelan gya mentar | lan ni mban kur-ungkuran | tan winarna lampahipun | radyan wus prapta ing wisma ||

24. lajêng marêk mring sudarmi | Tumênggung Mayang pinarak | kang putra nulya ingawe | rahadyan majêng wotsêkar | ki tumênggung ngandika | paran lakunira kulup | kang putra matur anêmbah ||

25. inggih sampun dèn tampèni | marang êmbane sang rêtna | binêkta marang kadhaton | kang rama malih ngandika | lamun tulus katampan | mring sang rêtna adatipun | banjur kasmaran mring sira ||

--- 40 ---

26. yèn anggêpok surat mami | adat tumuli utusan | arsa katêmua dhewe | mangkono lamun katrima | iya sarat manira | yèn sira pinanggil kulup | iya banjur têkanana ||

27. kalamun sira wus panggih | ya banjur ajakên mêdal | anggêr wus tiba trêsnane | mring sira nora sumêlang | nadyan ana kang malang | pra kadang sêntananipun | iya nora dadi ngapa ||

28. ingkang putra wus nyagahi | gantya warnanên jro pura | Kusuma Sêkarkadhaton | lagya siniwèng pawongan | manganti dutanira | ni êmban tan dangu rawuh | ambêkta conthongan sêkar ||

29. gupuh umatur ing gusti | kawula sampun dinuta | mring pêkên tumbas sêkare | inggih wus prapta ing pasar | sêpên tan wontên janma | ingkang wade puspitarum | dadyamba wangsul kewala ||

30. sarêng ulun praptèng kori | galedhegan pan kapapag | satriya di bagus anom | ambêkta conthongan sêkar | tanya lampah kawula | sarêng kawula umatur | sêkar pinaringkên kula ||

31. supados katur ing gusti | pan punika sêkarira | sang rêtna kumêpyur tyase | paran karsanira biyang | dene sira atômpa | tan karuan ingkang angsung | wisma tuwin wastanira ||

32. ni êmban umatur aris | pinanggih pangakênira | satriya kang bagus anèm | wasta Rahadèn Pabelan | putra Tumênggung Mayang | kang dadya kondhanging kidung | yêktos yèn bagus taruna ||

33. sang rêtna mèsêm nampèni | conthong puspita binuka | kongas ruming puspitane | anrus tumanêm ing driya | wontên juga cêpaka | binuntêl ing suratipun | gya cinandhak kang nawala ||

34. binuka sinukmèng

--- 41 ---

galih | kadhadha surasanira | langkung mlasasih têmbunge | ya ta kusumaning pura | wusnya maos nawala | kadadak kasmaran têmbung | lir kênèng guna wisaya ||

35. lêng-lênging tyas poyang-paying | wasana aris ngandika | biyung êmban kaya priye | ingkang dadya karêpira | iku Radèn Pabelan | surasane layangipun | arsa panggih lan manira ||

36. têmbunge amêlas-asih | iya mêngko karsaningwang | nuli aturana age | mring jro pura sirêp janma | yèn tuhu karsanira | yèn cêcadhang burat arum | umanjinga jroning pura ||

37. ni êmban umatur aris | lamun makatên ing karsa | kawula mêdal samangke | manggihi Radèn Pabelan | iya dèn rêmit biyang | surasane layangipun | arsa panggih lan manira ||

38. ni êmban nêmbah gya mijil | anjujug ing galedhegan | gya panggih lawan rahadèn | wus dhinawuhkên sadaya | karsane sang lir rêtna | Rahadèn Pabelah saguh | ni êmban wangsul mring pura ||

39. rikat lampahnya bok nyai | samana Radèn Pabelan | nulya kundur age-age | praptèng wisma panggih lawan | rama Tumênggung Mayang | wus katur saaturipun | kang rama suka ing driya ||

40. iya sokur yèn kadyèki | mêngko bêngi malêbua | nging aywa mijil korine | samar manawa kawruhan | wadya jro ingkang jaga | kang putra nulanulya winuruk | èsmu ngusap pagêr bata ||

41. ingkang putra wus nampani | sawulange ingkang rama | sarêng wanci sirêp rare | ki tumênggung angandika | lah payo putraningwang | sun atêrkên jawi pintu | aja sira walangdriya ||

42. kang putra nulya umiring | sapraptaning jawi bata | kang rama ngandika alon | alah payo putraningwang | bata

--- 42 ---

usapên agya | kang putra sandika gupuh | laleyan nuli ingusap ||

43. wusnya mêndhak radèn nuli | jumangkah manjing jro pura | radyan sawusnya praptèng jro | bata ingusap kang rama | mumbul wangsul lir adat | ki tumênggung nulya kundur | warnanên Radèn Pabelan ||

44. anjajah sajroning puri | dangu ngupaya ni êmban | ya ta wau sang lir sinom | siniwi para parêkan | nèng jroning yasa kambang | tan sare kewala mujung | tan lyan kaciptèng wardaya ||

45. mung kang atur puspita di | putrane Tumênggung Mayang | saguh manjing jro kadhaton | baya cidra ing ubaya | dene tan ana prapta | ni êmban dinuta mêtu | mara biyung tilikana ||

46. iya marang tamansari | endhangana bokmanawa | tuhu nêkani marene | ni êmban nêmbah gya mêdal | praptèng sor nagapuspa | Radèn Pabelan wus dangu | andhêdhês soring puspita ||

47. rahadyan kagyat duk mèksi | yèn ana parêkan prapta | rahadèn alingan mire | ni êmban sigra anapa | radèn ririh saurnya | inggih pun Pabelan ulun | sêdya nêkani ubaya ||

48. ni êmban gya marêpêki | tan samar pandulunira | ni êmban suka wuwuse | sokur paduka wus prapta | anuhoni ubaya | rayinta kusumaning rum | wus dangu mangarsa-arsa ||

49. andika kantun ing ngriki | kawula matur sang rêtna | ni êmban gya wangsul age | sapraptaning madeyasa | ni êmban aris turnya | adhuh anggèr gustiningsun | pun Pabelan sampun prapta ||

50. sampun dangu wontên jawi | paran ing karsa paduka | sang rêtna kumêpyur tyase |

--- 43 ---

ngunandika jroning driya | si jênat dikêramat | wong bagus têka kumênthus | wani ngambah jro kadhatyan ||

51. ambêke anglêlanangi | iya paran baya kêna | sun labuhi praptèng layon | dangu ginagas ing driya | ni êmban matur nêmbah | adhuh anggèr gustiningsun | amba cumadhong ing karsa ||

52. duratmaka ingkang prapti | punapa kawula balak | kinèn mijil sing kadhaton | utawi kinèn lajênga | marang ngarsa paduka | sang rêtna ngandika arum | eman lakune si jênat ||

53. wus kabanjur praptèng puri | bêcik nuli aturana | manawa putung atine | ni êmban nêmbah gya mentar | praptèng sor nagapuspa | wus panggih rahadèn bagus | ni êmban matur sumôngga ||

54. paduka dipun aturi | laju maring yasa kambang | sampun kadangon nèng kene | watos lamun kawênangan | dening punggawa langlang | tan wande manggih baya gung | radèn aris aturira ||

55. lah inggih sumôngga nyai | kalangkung ajrih kawula | yèn lênggana ing karsane | Jêng Gusti Sêkaringpura | wus kerid lampahira | sang rêtna nganti nèng pintu | dupi katingal rahadyan ||

56. sang dyah kumêpyur ing galih | wantune kênya diwasa | lir turasan karingête | minggu tan bisa ngandika | gumêtêr sariranya | rahadèn marpêki gupuh | tan darana nyandhak asta ||

57. pan sarwi mangarih-arih | dhuh gusti pêpujaningwang | wêlasa marang dasihe | sang rêtna atangkis asta | radèn putra mangrêpa | sanadyan tumêkèng lampus | dasihe datan lênggana ||

58. lamun gusti tulus asih | lêbura amor lan kisma | tan garantês kawulane | sang dyah

--- 44 ---

kakênan tyasira | ginunturan srênggara | dadya tan sawalèng kayun | sang rêtna yugya ingêmban ||

59. binêkta mring tilamsari | pawongan tangkêb samirnya | datan winarna solahe | wantune putri lan putra | samya kasmaranira | nutug dènnya karon lulud | sawusira asêsotya ||

60. rahadyan lawan sang putri | pinarak madyaning tilam | sang rêtna yu matur alon | miyos ing pundi paduka | lêbêtira mring pura | rahadèn aris umatur | dhuh gusti pêpujaningwang ||

61. ulun tan mijil ing kori | malumpat ing pagêr bata | rèhning wus ubaya mangke | ajrih lamun malecaa | tan etang pringgabaya | sang rêtna mèsêm umatur | dhuh ing mangke paran karsa ||

62. rèhning wus anggagat enjing | lamun kawruhan ing janma | tan wande tiwas wong roro | prayogi andika mêdal | mangke dalu wangsula | rahadèn ngandika arum | inggih sumôngga ing karsa ||

63. datan lênggana kang abdi | ing karsa sang ruming pura | sanadyan tumêkèng layon | pan sarwi angaras-aras | kalihe gya tumêdhak | mijil saking tilamipun | sami anjingga nom-noman ||