Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 16–26)

Judul
Sambungan
1. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 16–26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 27–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 39–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 50–66). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

16. Dhandhanggula

1. madubrata dènnya angulati | kayu jati kang kinarya saka | anjajah ing wana gêdhe | sabat kalih tan katun | Supa lawan Iman Sêmantri | jêng sunan laksitanya | nèng wana katêrjuh | karsana măngsa canthuka | Sunan Kali nabda o mring kang prihatin | laju sunan kirdhanya ||

2. wus pinasthi kodrating Yyang Widi | sang sarpa lan canthuka sarosa | rêbut jaya sira kodhok | mrucut sakala mlayu | sarpa ngudi datan pinanggih | sarpa saklangkung cuwa | apa krananipun | de mêmangsan ingsun kendran | Sunan Kali kêndhak sikararda juti | migêna wong mêmăngsa ||

3. sang karsana nututi hyun panggih | ngatas kara ring Jêng Sunan Jaga | sêmana ula kirdhane | kapangguh jêng sinuon | sarta tanya dhuh Sunan Kali | krana punapa tuwan | nguni ngandika o | tatkala amba mamăngsa | kalampahan canthuka ucul ngendra nis | Jêng Sunan rum ngandika ||

4. hèh karsana tatkala sun uning | sira lagya sarosa mêmongsa | sawiji kang rupa kodhok | ingsun wruh manêbda u | sajatine ulunên [ulunê...]

--- 90 ---

[...n] aglis | rèh wajib wênangira | dadya rijêkimu | sarpa narima sakala | wusnya mentar nèng wana jêng sun panggih[1] | lawan ponang canthuka ||

5. gya umatur kodhok adhuh gusti | nguni amba katamèng cintaka | minăngsa sarpa mèh layon | panduka ngandika u | têmah luwar bêbayèng pati | awit bêrkah sabda[2] | yun wrin têgêsipun | Jêng Malaya angandika | jarwaning u uculna têgêse yakin | canthukarda manrima ||

6. dhuh gustiku kang sinihan Wiwi[3] | sasat amba sinambungan usya | kula malês atur sae | sakadar murwat ulun | têmbe lamun paduka gusti | ngangkat saka ring Dêmak | kawula kang ngusung | sadaya para canthuka | rèh kawula sugih brayat mitra siwi | benjang punapa tuwan ||

7. kanjêng sunan angandika manis | sun tarima prasêtyamu ring wang | iya samăngsa mangsane | manira paring wêruh | nulya kanjêng sunan lêstari | dumugèkakên karsa | ngupaya wrêksa gung | sabat kalih datan pisah | kawarsita jêng sunan ing wana panggih | lan kang rayi wanudya ||

8. Dèwi Rasawulan ingkang tèki | tapa ngidang nèng madyaning wana | momor aruna lan sato | lami antaranipun | dènnya tapa anèng wanadri | supe kamanungsannya | lagnyana tar ketung | mung ngèsthi tarak subrata | kapanudyèng kapêthuk Jêng Sunan Kali | sang dyah gêblas lumajar ||

9. Jêng Malaya angandika aris | marang

--- 91 ---

muritira hèh Ki Supa | cêkêlên kidang dèn age | wruhanta kadang ingsun | tunggal yayah rena lan mami | kalamun bagya kêna | dadia jodhomu | rèh kewan sadarpa jarah | saratana balangên nganggo rijêki | ingkang wus warna sêga ||

10. gya binuru ingupadi panggih | gêblas mlayu umpêtan pinanggya | cinêgat têgal playune | sarwi binalang sêkul | gya kêpèpèt nèng jurang têrbis | ngalumpruk wus kêcandhak | sinung wastra sampun | sabuknya Ki Jaka Supa | gya binêkta mring ngarsèng Jêng Sunan Kali | sang dyah tinibul sigra ||

11. sakalemut atuk sabdèng wali | sang dyah nulya ngabêkti suku sang | sarwi drasa drês waspane | jêng sunan ngandika rum | sira yayi mangke wus eling | rusakên bratanira | lah muliha gupuh | mring Tuban sun kang ngatêrna | lan yogyane wong tumuwuh anèng bumi | nambut titahing krama ||

12. iki Jaka Supa kang wèh nyamping | anasabi kawiranganira | marma bêcik dadi jodho | wran tuwa mong tumuwuh | payo mulih mring Tuban yayi | ibu rama wus wêrda | sapa kang sumulur | gênti wibawaning răngga | anèng Tuban rèhningsun wus dadya wali | sandika kang sinabdan ||

13. tandya bidhal jêng sunan lan ari | Iman Sêmantri lan Jaka Supa | tan kawarnèng nukirdhane | prapta ing Tuban sampun | panggya ibu lawan sudarmi | matur sasolah tingkah | Rasawulan pangguh | anèng samadyaning [sama...]

--- 92 ---

[...dyaning] wana | purwa madya wusana ramèbu nuli | mêluk lungaya nulya ||

14. ingkang rama angandika aris | hèh sutèngsun sapa sira yugya | gumanti lungguh nèng kene | manira pan wus sêpuh | gya umatur Jêng Sunan Kali | kawula nuwun duka | mopo atuk lungguh | lagya suwitèng Yyang Sukma | bokmênawi atuk begalaning urip | botên langkung pun Supa ||

15. ingkang pantês gumatyang nèng ngriki | marma panuwun kawula rama | punika pinanggihake | yayah rena wus pêthuk | sarjuning tyas pangantyan kalih | gyarsa dèn winiwaha | caraning wong agung | pangantyan èstri nèng pura | ingkang priya anèng wismaning ki patih | ari sajuga nulya ||

16. kaijabkên dening Sunan Kali | kang musikum tataning gameslam | ningkah esuk panggih sore | bojakrama gumuruh | umung barung bradăngga muni | pelok slendro mangraras | kang syara di nganyut | pangantyan laju dèn arak | mubêng praja kèh jalma rare ningali | kayungyun atut wuntat ||

17. atut dènnya palakrama kalih | wusnya bibaran sampun pinrênah | panggonane dhewe-dhewe | dangu antaranipun | manujyari Jêng Sunan Kali | mring Supa lon ngandika | hèh yayi sirèku | rèh Supa sarèhning sira | dadya pandhe tur trahing êmpu linuwih | ingsun yasakna katga ||

18. kang prayuga pantês anggon mami | ayya kusut dèn go wong ulama | sun karya gêgaman cothèn | lah iki

--- 93 ---

bakalipun | wêsi bagus mung sakêmiri | sangking ing akadiyat | Supa lon umatur | botên dados kirang kathah | kanjêng sun nabda hèh Supa rabti[4] | wêsi sagunung prapta ||

19. wus mangkono sabdèng wali lêwih | barang sabda jlêg katêkan nulya | Supa kagyat wêsi gênge | tumungkul ngusyèng lêbu | turidèsmu nangis sru ajrih | triwikramaning tapa | sakala rinacut | wêsi sagunung blas sirna | tarpa krana mung sakêmiri kang mêksih | gya cinandhak mring Supa ||

20. tinêkêm mawa sêmèdi êning | nênging cipta plêng mring sukma purba | tantra wêsi wus dumados | sajuga katga bagus | warnanira lir sangklat abrit | konjuk mring kangjêng sunan | winawas kang dhuwung | kang warna luk tiga wêlas | tur sogokan labe gajah ngandhap kalih | waskitha kangjêng sunan ||

21. hèh ta Supa wruhamu kris iki | sun paringi asma Ki Sangkêlat | awit abang suwarnane | dhapur Sangkêlat iku | luk têlulas kadya puniki | lan malih sira wruha | têmbe iki dhuwung | dadya pusakaning nata | kang mbawani wibawaning gung sajati | datan patut sun anggya ||

22. simpênana bae ingkang têrtib | sira amung rumat kêserenan | dene besuk ingkang nganggo | turunnya Jaka Tarub | kang wus kasub jangkaning wali | Jaka Tarub punika | sutane garwamu | patutan sing wali muka | tan lantaran sarat mat caraning janmi |

--- 94 ---

mung srana sêbda tama ||

23. matur nuwun Ki Supa nampani | kanjêng sunan malih angandika | Supa sun gawèkna malèh | kêris kang ugya patut | sinangkêlit jênênging wali | lah iki wêsènira | gênge mung saklungsu | asale mêrtabat wahdad | gya tinampan mring Supa pinijêt ping tri | sakala dadya katga ||

24. sinaoskên jêng sunan wus tampi | pêthuking karsa gya sinung nama | Kiyai Crubuk nulya ge | rinêngga wrangkanipun | yayah golok anggoning santri | kinarya sabêlehan | sawusnya rinasuk | nulya jêng sunan pamitan | ring ramèbu wangsul ring Dêmak nagari | Supa katun wibawa ||

25. kanjêng sunan lan Iman Sêmantri | bidhal marang Dêmak tan cinitra | ing ênu kang kawarsitèng | Ki Supa ingkang katun | pêpasihan lan ingkang rayi | dumugèkakên karsa | wus antara dangu | Ki Supa pamit ring garwa | rèh wus lami yun tuwi ring Majapait | Tumênggung Supadriya ||

26. Sang Dyah Rasawulan datan apti | yèn tinilar nèng praja pribadya | pêjah gêsang nut kimawon | saklagsitanya kakung | aja manèh mring Majapait | sanajan jajah praja | datan nêdya katun | rèh pêthuk tyasnya Ki Supa | gya sarimbit marêk ing ibu sudarmi | pamit hyun malbèng radya ||

27. Majapait têtuwi sudarmi | awit sampun lami tan pinanggya | ramèbu barêng karsane | gya tata-tata matut | matah

--- 95 ---

jalma ingkang tut wingking | antara kawan dasa | lan para papikul | songsong lante tumbak-tumbak | sang dyah nitih kêrmun Ki Supa turanggi | rêspati songsong abang ||

28. tar winarna nèng marga glis prapti | Majalêngka panggih yayah rena | widada tarpa wiyade | sakalih sigra ngujung | Ki Tumênggung Supa umèksi | [...] nya Kyai Supa | ing salamènipun | Ki Supa matur prasaja | têrus têrang purwa madya wusananting | nahên kang ginupita ||

29. tindakira Kanjêng Sunan Kali | praptèng Dêmak pra wali wus pêpak | mumin uliya nèng kono | samya kumpul ing rêmbug | dènirarsa iyasa masjit | Dyan Pati Natapraja | wus sudhiya kayu | manumpuk wrêksa matumpa | ngundhung-undhung dadya panggonan sawiji | kirangnya taksih ngupa ||

30. wali sanga sami nyudhiyani | kabubuhan saka mapat-mapat | Jêng Sun Kali ladène[5] | pan namung saka têlu | srana triwikrama linuwih | mujijat kabullolah | canthuka kang ngusung | sagunging wali samyebat | umyat kèhing kodhok ngusung wrêksa jati | kanyatan kabul sabda ||

31. para wali ibut ngundhagèni | mêthèl masah nala gya ngrêmpêlas | saka guru lawan goco | cacahira kagunggung | wolung dasa kirang satunggil | rèh Sunan Kalijaga | lagya numpuk têlu | Jêng Maolana ngandika | paran jêbèng

--- 96 ---

sira lagyantuk wrêksa tri | kurang lêladènira ||

32. măngka masjit ngadêg benjing enjing | Sunan Kali umatur sandika | mangke dalu ulun pados | jangkêpnya saka catur | dupi ratri Jêng Sunan Kali | nglêbur ngupadi tatal | gya tinata mujur | agêng panjang sawêntara | tinatahan purus bolong wus rinakit | nyamlêng datan sulaya ||

33. lagya mêthèl Kanjêng Sunan Kali | pêrnah purus sakala wus punah | nulya nyèlèhakên pêthèl | anèng kisma pinuju | wontên orong-arong umijil | sangking lèng katindhihan | pêthèl jangganipun | nguwir-uwir gulintingan | sru manangis sêsambat Jêng Sunan Kali | gusti kula tan dosa ||

34. griwanba[6] pêdhot ingkang sêpalih | punopoa de tuwan migêna | kêndhak sikararda gawok | matèni tarpa kogug | kagyat kanjêng sunan miyarsi | pêthèl jinujung sigra | rong-arong ngalumpruk | tur ngundhamana têtanya | dosa kula jêng sunan ngandika aris | dosanira kainan ||

35. nora wêruh awakmu lwih ringkih | pagene marêk jalma mêrang[7] | ingsun tan maha yêktine | orong-arong umatur | dhuh gustiku durgamèng galih | nyidrani kêlakuan | kang wus karya dudu | datan nêdya pabên amba | mung minta sih kapulihna kadi nguni | panduka

--- 97 ---

kang sinihan ||

36. yèn mangkono sira sun tulungi | bokmanawa atuk parmaning Yyang | atas kluputamu dhewe | rong-arong gya sinabut | gulonira kang nguwir-uwir | sinabung srana tatal | jati wus rahayu | pulih tarpa kara-kara | wus pinasthi karsaning sipatul shaib | rong-arong githok tatal ||

37. trah-tumêrah prapta ing sêmangkin | arong-arong githok sambung tatal | lah iku angsal purwane | midrawèng jagat kêput | sangking gabdèng wa linêwih[8] | wimbaning kaelokan | tan kêna ginayuh | warnanên wus bangun enjang | para wali pêpak mandhegani kardi | dadine karsa juga ||

17. Asmaradana

1. brănta pra ngulama mukmin | kyai-kyai santri desa | gêdhe cilik wus miratos | Dyan Dipati Natapraja | jênêngi gara karya | patinggi sêndhi lan kaum | cèkèl bayan pinituwa ||

2. umèb umung kyèhing jalmi | nganti tan kêna pinetang | syara ting crêngkling ting jêrthot | barung syaraning ngulama | mêmuji muja măntra | dikir klimah tayibahu | widada wudyaning sabda ||

3. Jêng Gunan[9] Kali murwani | midik mlêng ciptaning sêdya | triwikrama tuk ciptane | grana mahya tarpa kira | saka tatal tinêpak | ngadêg pribadi gènipun | saka guru kang lor wetan ||

4. lor kulon Jêng Sunan [Su...]

--- 98 ---

[...nan] Giri | ciptèng hyun matiwikrama | kidul kulon Sunan Ngampèl | kidul wetan Sèh Mulana | prasamya nunggil karsa | mlê wikrama rèh satuhu | tinampèl ngadêg sadaya ||

5. blandar pangêrêt numpangi | suduk kili manjing sigra | ingoyog wus nêtêp kabèh | gya ngadêg saka pênanggap | dudur sunduknya rampak | ngulama mukmin kang junjung | winawas kêncêng warata ||

6. takir lumungsir prit gantil | wus kapatèk paku kêkah | tumulya age pasang rèng | pinaku kukuh akêkah | sirab domba sêkala | kapasangan tali wulu | gancanging carita dadya ||

7. tumulya dèn sêngkalani | lawang trus gunaning jalma |[10] mamèt căndra isakane | praptane sêmangke iya | nanging oka[11] mèt Buda | dene oka Majalangu | kang kanggo surya sangkala ||

8. dadining masjit linêwih | singêr bêrkahing uliya | ucap pra wali kabèh[12] | amawas bênêring keblat | ingirib masjit Mêkah | sulaya gèsèh panêmu | wali sanga beda-beda ||

9. wontên sawiji mêstani | kirang ngalèr sawêntara | sawênèh bênêr wawase | ana kêng kurang mêngetan | sawênèh malih ana | mêstani kirang mêngidul | lêrêsnya kalawan Katbah ||

10. adêrdah dènnya pradondi | darbe lêrês pyambak-pyambak | kèndêl para ngangkat gawe | wrin sulayaning pamriksa |

--- 99 ---

nulya Jêng Kalijaga | bêrgagah majêng mangidul | mahyakkên guna dikara ||

11. asta kering nyandhak masjit | kang kanan nyandhak Bètolah | samya umêlung karone | gathuking mustaka nulya | Sèh Mlaya pasrangkara | kănca nêdha dika dulu | gathuknya kalih mustaka ||

12. Bètolah mênggah lan mêsjit | Dêmak mugi kawawasa | kang sarèh waskitha tyase | pra wali gawok sêdaya | sêdene narakarya | sadarpa gung sèwu ngungun | ing galih yayah supêna ||

13. sadaya wali têrampil | tanggap pêmawas makripat | lumiyat mêsjit gathuke | sumaur sêdaya samya | hèh Sunan Kalijaga | lêrês tan siwah sarambut | keblatnya masjit lan Katbah ||

14. wus dèn culakên tumuli | Bètollah bali sêkala | tumulya pra wali kabèh | muryani gon pangimanan | miwah gon pangimbaran | gêbyoknya rinakit sampun | wus rampung panguparêngga ||

15. bêdhug dhêng pakêrti ênis | dinadak kinarya jumngah | pêpak sabat murit kabèh | mukmin uliya ing Jawa | samya yun mèstu karsa | dera sêdya sami makmum | mèt tirta caraning salat ||

16. Jêng Sunan Benang ngimami | Sunan Giri maca kutbah | musiral Jêng Sunan Lèpèn | kang adan wali sakawan | Sunan Wurya Palembang | Cêrbon lawan Sunan Kudus | liya mukmin wuri rangap ||

17. para kas kyai myang santri | rampungnya salat [sala...]

--- 100 ---

[...t] jumuwah | tandya sêsalaman kabèh | tandya mundur abibaran | sadaya para Eslam | mung wali sadaya katun | anèng sadalêm mukaram ||

18. Jêng Sunan Benang nabda ris | mring para wali sêdaya | hèh hèh mitraningsun kabèh | lah payo padha dikiran | pana nginjên datolah | paranbaya bisa jumbuh | woring Gusti lan kawula ||

19. yèn ora sarana dikir | cacah dikir patang warna | êndi kang sarju karsane | dêdalane pana sipat | ring Yyang Kang Murbèng Jagat | sadaya pra wali guyub | miturut Jêng Sunan Benang ||

20. mênggah dikir catur warni | sajuga satari akmat | Allah Allah ing dikire | satari alip kalihnya | wuwusira hu Allah | tri akmaliyah Allahu | ping catur na isbandiyah ||

21. hu hu sêbutnya kang madni | watone puji dikiran | pra wali saya ge-age | samya ngatas cipta maya | nir dyaning păncadriya | driyèsmu tekat majênun | ing rèh kumpulnya antaya ||

22. mêsu ciptarda mangèsthi | èsthining sipat sanyata | cakraning budi gumolong | lêng-lêng lêbdaning suwara | lwir rumacut jiwangga | yayah antaka manuju | daut usyaning manungsa ||

23. mamèt midrawaning jisim | lam alip lumêbèng jaja | Allah lumêbèng jantunge | umanjing rasa nirmala | maladi kang sinêdya | tanbuh jagat lor lan kidul | subrastha bawana dunya ||

24. pamlênging kalbu sawiji | narupakkên datolingsan |

--- 101 ---

kang sipat ing kana-kene | mèt pituduh umul kitab | amamukminu kayat | walahu mutuabadun | jarwane lapal punika ||

25. utawi mukmin tar mati | urip ing salawasira | nora siwah kabèh kene | min darin iladalrina | sangking desa tuk desa | kang wus widagdèng dikir hu | jati mulyaning antaya ||

26. rumêgêping cipta maksi | pucuk grana mahyasmara | sebak socaning pring kaot | mênêng ciptaning parasdya | dadi saciptanira | dhasar para wali kusus | ing tekat pangudi pana ||

27. pramanêm rupa sajati | tan siwah ing dhèwèkira | musna gusti kawulane | tan ana sajuga apa | sayêktine mung iya | iya iki iya iku | mung wujut sawiji kita ||

28. ananging dudu sakiki | makripat nyataning Suksma | sawiji-wiji wijine | yayah wrin kaca bênggala | lah iku rupa apa | sebak Krêsna lawan Wisnu | tuwin kalak lan kênonga ||

29. dulu-dinulu sawiji | sapa kuwe sira kita | satuhune ingsun dhewe | cêngkrama nèng jroning ana | ananira manira | ing jagat raya kagulung | gêlêngan dadi samrica ||

30. yeka prabawaning dikir | dikir pan wali otama | jumbuh gusti kawulane | ya lailaha ilêllah | Mukamat Rasullolah | sêjatine kabèh suwung | nuksma sajatining rupa ||

31. sarupa-rupa kakiki | ngèdhènge [ngè...]

--- 102 ---

[...dhènge] kang rupa sipat | iyaku[13] angên-angêne | ing jro tan siwah ing jaba | pardikaning paesan | angilo dad warnanipun | yayah sipatnya pribadya ||

32. wus dangu wuruning dikir | sangkêp ring kamal mukamal | nulya rinucat dikire | samana pra wali sanga | gumyah sami nupiksa | ana ragu pan gumandhul | nèng dhadha pêksi pêrnahnya ||

33. pra wali rêmbag cinuthik | gya sinènggèt srana jungkat | gigal sinăngga tibane | buntêlnya cêrmaning dumba | binuka jroning ana | lalêmpitan gănda mêrdu | ing ngriku warna rasukan ||

34. dhalêm baju adha kitir | kêrtas ciri sastra Arab | wilapa wau têmbunge | pèngêt nawala manira | jêng nabi dutaning Yyang | Mukamat Rasullolahu | têkap ring Sèh Malayarja ||

35. sirèku sun ganjar klambi | sawiji ăntrakusuma | têmbe pusakaning katong | akèh sawab bêrkahira | de buntêl cêrma dumba | karyanên lèmèk yèn sujut | titi têmbayèng wilapa ||

36. warata kabèh pra wali | nupiksa cirining sastra | rasukan endah warnane | wali myat samya sulaya | wungu dadu myang abang | ana kuning ana biru | na mêstani ijo tuwa ||

37. miwah wangunane klambi | darêdah samya sulaya | rêbut aran dhewe-dhewe | de warnanya kang sanyata | takwa bênikan asta | Jêng Sunan Benang nabda rum | iki dhapure kang nyata ||

38. rasukan wangun [wangu...]

--- 103 ---

[...n] sultani | têmbe kagêm para nata | lah mara cobanên jêbèng | iya ki ăntrakusuma | gya ingagêm sêkala | srêg nyamlêng wangunnya patut | Sunan Benang malih nabda ||

39. lamun parêng sira yayi | ngong mujur cêrmating dumba | sun go rasukan sêmangke | niru ki ăntrakusuma | Jêng Mlaya tur sumăngga | nulya rineka kêng wangun | nelat ki ăntrakusuma ||

40. datan dangu sampun dadi | cinoba Jêng Sunan Benang | sêsak gya pra wali kabèh | ana lobok miwah sêsak | tandya Jêng Kalijaga | rasukan cêrman domba wus | ingagêm datan pêrbeda ||

41. ngungun sagung para wali | Jêng Sunan Benang ngandika | wus têtela trang pêsthine | kabèh pinaringkên sira | rasukan trakusuma | yèn mangkono sira iku | ngimami ing pulo Jawa ||

42. warnanên ingkang ginupit | karatoning Majalêngka | kambah ing kulerah gêdhe | lara esuk sore pêjah | gring sore esuk laya | narakarya ting bilulung | ngalor ngidul ngulon ngetan ||

43. pêpuyêngan ngungsi urip | narapraja kèh ru-ara | wong gêdhe limut galihe | nibali pra dyi jawara | pasang tumbal sarana | sarat-sarat tanpa kabul | sri narendra duka cipta ||

44. kapityèng tyas sri bopati | malbèng sanggar pamêlêngan | lawan para wrêda kabèh | mahyubagya mèt widada | nanging tarpa budaya | malah kang mêlêng kabaut | kewran

--- 104 ---

panggalihing nata ||

45. desa-desa margi-margi | kabèh bangke tan sampurna | pating glêrêng syaraning wong | udara mambu gusthika | ratri akèh pratăndha | pating glêbyar yaya dalu | sêsuluh awra mancurat ||

46. pating clorot pating krêlip | sirna de tyasing kawula | wawêlak agêng dhatênge | ewon lêsan wong pralaya | susawa tar karumat | sangking sangêt ponang têruh | tantara malbèng jro pura ||

47. para klênyit para dulit | êmban kêparak parêkan | bêdhaya di-adi layon | pênyuk jroning prabayasa | pira-pira gusthika | sing panggănda amis arus | udara niyup kunarpa ||

48. sirêp tan na syarèng jalmi | mung kakok-bêluk lar munga | têkak tuhu guwêg dhèdhèt | gumuruh nèng sitibêntar | warnanên pasar-pasar | margi-margi suwung wangwung | pra mlija nukarta sunya ||

49. bupati panèwu mantri | pyarya tar ana pralêbda | tungguk rundha kêmit kothong | pakampungan kèh kang sunya | wit katamèng rubeda | giyuh kobêng sang aprabu | sinuon ing Majalêngka ||

50. cabar rumêksaning cilik | brastha para kartahita | wiku tapa sirna lolos | para brahmana punggawa | gunasti nora daya | măntra-măntra tan pikantuk | tanuhita tarpa sisya ||

51. dilalah karsaning Widi | ardaning wawêlak praja | samun sêpi prabawane | aryaning sasi căndrama [că...]

--- 105 ---

[...ndrama] | nglimêng sebak gulita | ucapên malih jro kratun | sang patni pramisyarindra ||

18. Dhandhanggula

1. sinrangkara ing Dyah Dyarawati | wanci ratri kataman rubeda | têluh manêmpuh dyah katong | tambah srêng nata giyuh | sadarpa gung putêking galih | wikrama tanpa guna | usada tan tulung | sinuwun ing Majalêngka | tanbuh cipta judhêg pabirating wèsthi | kacukan papa arda ||

2. usada kyèh tan amigunani | singsèh dhoktêr dhukun karanjingan | cantrik nguyu janggan cèkèl | gluntung prasamya bingung | mudyastuti mandrawa sadi | mêmudya rawismaya | kamayan tumanduk | rajah-rajah kalacakra | japa măntra mantrastutyèng dyija rêsi | sirna budayèng sabda ||

3. nata puwa-puwa tamaning prih | tarak nedra wasananing papa | tan ana sayugya kabèh | tirahing praja umung | padon rêksa rêksakèng nagri | wrêda-wrêda kyèh tapa | munjuk jêng sinuwun | dewajining sesyantara | boya sagêt ing sarat waluyèng nagri | padoning Suksma purba ||

4. sri narendra amêngêng mangu sih | ring Yyang Odipati luhur pisan | ring sanggar pamêcangane | ngèsthi tiksyèng tyas jumbuh | tanbuh kyula datanbuh gusti | wor kutug rasamala | malat kang panuwun | mahananing praja rêngka | paranbaya sirna kawiryaning aji | ring Yyang Suksma Kawêkas [Ka...]

--- 106 ---

[...wêkas] ||

5. datan ana tuk wênganing budi | kasaru pramisari kantaka | dènnya grah sigra sang katong | manjing prabayasa wus | nucup êmbun matak sêmèdi | sang dyah tanpa wanteya | tar wrin siyang dalu | ardaning roga wèh maras | trênyuh ngêrês ngraras panggalih narpati | narpa tar antuk nedra ||

6. wasitanên priyagung bupati | nayakaning wadya Wilatikta | kanan kering mêksih caos | nèng sri manganti tuguk | atuk dhawuh sabdèng narpati | rèh grahnya nata kênya | sadarpa tan emut | priyayi agêng kang jaga | kadhawuhan caos anèng burdhamanik | sadalêm prabayasa ||

7. wêgtu manujyari Gara Kasih | bupati kang tungguk kalih pisan | nuju wêdananing padhe | Supadriya Tumênggung | lan Tumênggung Ki Supagati | sadhèrèk yayah rena | nayaka karwèku | lagya kapabêngan gêrah | tampi urak tumulya sêsulur siwi | Supagati wakilnya ||

8. Kyai Jigjatênaya pangarsi | de Tumênggung Supadriya badal | Kyai Supa panêngrane | kang nèng Tuban pinuju | atêtuwi marang sudarmi | sakalyan lan kang garwa | dupi anèng ngriku | ingkang rama kapambêngan | klêrês caos Ki Supa kinarya sulih | malbèng dhatulayendra ||

9. Ki Tumênggung Supagati ugi | katêmpuh grah

--- 107 ---

nulya sulih wêka | Kyai Jigja panêngrane | dupyantra wanci surup | Jigja Supa mring sri manganti | campuh wong sanak-sanak | kalih suka sokur | wanci ratri kalih pisan | manjing purantara prabayasa linggih | ngèmpèr ngusyèng buntala ||

10. ngapurancang mabukuh ing jubin | nata lagya nayuh dagan rêtna | waskitha syara jalma ro | hèh sapa pra tumênggung | ingkang tungguh turnya dyi aris | pukulun Jigja Supa | wran karpeka sulur | abdi dalêm Supadriya | Supagati sawêg sami nandhang sakit | nata aris ngandika ||

11. hèh pandhe ro sira sun tuturi | rèh gustimu durung bisa sênggang | para ingkang bêtah mêlèk | wit arsa nedra ingsun | sapta ratri tan atuk guling | kalih matur sandika | Jigja Supa maju | anèng bêbatur pênanggap | mirêngakên syara rêrupan ting klawir | sadalêm prabayasa ||

12. akèh rupa warna-warna kèksi | klèwèr-klèwèr krêkèt kêrkit krasak | sarêng umiyat janma ro | dhêkukul apingantuk | nyangklit kêris tur klabang pipit | curiganya Ki Supa | sabdèng wali kutup | Kyai Sangkêlat wastanya | de Ki Jigja Kyai Bêthok kang sinangklit | madi kagila-gila ||

13. lagya pasang prayitnèng tyang kalih | ucapên pusakèng jagat katga | Kyagêng Condhongcampur mahyèng [mah...]

--- 108 ---

[...yèng] | sangking pasaryan ulu | pêthi jêpun wadhah jêng kyai | jumêthot mawa syara | Kyahgê[14] Condhongcampur | mimba yayah prabèngkara | mawa ilu narècès tètès bang kuning | nuluhi wong kang nedra ||

14. midêr-midêr jro pura li-wali | ngupa janma wrêda prara-rara | ingkang katetesan layon | Jêng Kyai Condhongcampur | kang karya gung rubedang bumi | rusak rêngka prajarja | derarda manêluh | wus lama antaranira | mola sêdya brastha salirning dumadi | yya na sisya widada ||

15. wus dilalah pandoning widyadi | nyupêt kamulyan bira sutama | pusaka mung darma bae | atas karsèng dewa gung | Condhongcampur dhusthèng pakarti | sirna kêrtartèng praja | samana ing dalu | prapta ngarsèng Jigja Supa | mangah-mangah yayah wawa ijo kuning | gêngnya sabongkoting tal ||

16. sigra Kyai Bêthok kang sinangklit | dening Jigja mahya sangking wraka | marêk ring kyagêng turnya lon | dhuh dewaning katga gung | ratu amba saliring wêsi | salumahing akasa | padukambêg dudu | durgamala wèh paparda | para wadya punggawa kyèh samya mati | sangking karti panduka ||

17. lah racutên sampun mêdhar wèsthi | èsthining praja rahayu sirna | kalingan ing jêng sang rajèng | pribadi kang karya dus | lah èngêta paduka [padu...]

--- 109 ---

[...ka] wajip | ngrêksa kang prajarjana | de arda gung limut | pusakèng nata titela | dadya sarat sayu pamulyaning bumi | kyagêng sugal ngandika ||

18. layak bae Bêthok sira nuli | nora wêruh ubênge bawana | rèh kowe pusaka rècèh | pantês tar wruh kang durung | lah ta Bêthok nyingkira aglis | yya sira malang karsa | Kya Bêthok tur nuwun | nuwun gusti yèn mangkona | katganing tyas ki agêng duka sinapi | nêmpuh Ki Bêthok gowang ||

19. gya lumajar manjing wrăngka aglis | Supa Jigja wruh solahing katga | sabdaning wêsi pedah wong | sadarpa ngungun jêntung | kamigilan yayah mangimpi | nahên pusakèng tumbak | Ki Sangkêlat mêtu | sangking lambungnya Ki Supa | mawa praba gya marêk ing pusaka ji | Condhongcampur sru kagyat ||

20. atêtanya hèh sapa sirèki | bocah anyar ngêndi pinongkanta | Kyai Sangkêlat turnya lon | pukulun sang sinuhun | rare Tuban sabdaning wali | asal sing akadiyat | pun Sangklat kasêbut | lagya rèrèn nèng Ki Supa | maksih nganti pandoning Suksma linêwih | marma marêk paduka ||

21. yun darbyatur risaking nagari | Majalêngka sak anteronira | paduka kang munah dede | kêdah botên pukulun | amba turi [tur...]

--- 110 ---

[...i] birat sêmangkin | kêlamun lulus dadya | pusakèng ratyagung | manawi mêksih bêg arda | wus têrtamtu dadya pusakaning iblis | lanat satruning jagat ||

22. Kyagêng Condhongcampur winga wêngis | nêbda hèh Sangklat bayi ing Tuban | sira dadi wingi sore | nanggulang ring wong jambul | trahing êmpu pêrmadi luwih | mahyaning tejamaya | ngajawa dadyèngsun | têtêp pusakèng narendra | nanging mêngko ngong mulah karsaning Widi | nglairkên darma nyata ||

23. gya narajang jêng kyai tinangkis | mring Ki Sangklat wal kotal aplêsat | tugêl têlung luk pucuke | sêkar kacangnya pugut | Kyagêng Condhongcampur umaksi | kadikbyaning Sangkêlat | kalah gya lumayu | pasaryan pusakèng nata | mawa syara jumêprèt kagyat sang aji | wungu dènira nedra ||

24. angandika mring kang têngga sami | kang jumêprèt iku syara apa | Supa tumrampil ature | datan wontên sa prabu | amba lumyat kajawi aming | kucing nubruk jiyada | lumajar mangidul | sêmana dadak sêkala | pramisorining nata tumulya wahing | mundhut dhahar myang dharan ||

25. lênggah emut titahing Suksma di | hong wilahèng awigna sêbutnya | myarsa narendra srêp tyase | marêk ing garwa ngimur | sru mlasarsa sabdèng narpati |

--- 111 ---

hèh bok ratu sirarsa | mundhut dhahar sokur | nata gugah prara rara | nora nana tangi rèh wus angêmasi | narpa mundhut priyăngga ||

26. angladosi yayah para nyai | Dyah Darawati dhahar bubur bang | dyah boga antawis akèh | asrêp panggalih prabu | maksi garwa waluyèng jati | murcitaning nayana | wus pulih kadulu | sri narendra pasrangkara | Supa Jigja sirantuk barkah narpati | sinung pradana mulya ||

27. gêganjaran bagyanta akêmit | pêparêngan gustimu waluya | sira dyi atuk mas ore | mitung tail bagyamu | wastra katga ganjaran tampi | sêmbah nuwun kawula | sarta suka sokur | mudyadi wida widada | măndrawasa rawismaya tampi gêng sih | byar mahya aryaning rat ||

28. nuwun pamit karilan gya mulih | Supa Jigja nèng margi gunêman | lêlakon luwih eloke | Jigja manarik dhuwung | gowang klêrês gyan tikêl alis | cinandhak ring Ki Supa | Ki Bêthok ingurut | pulih sakala waluya | gya Ki Supa narik Ki Sangkêlat kaksi | wêtah datanpa ceda ||

29. amung barut kadya tatu kikir | grahitèng tyas tan dadya punapa | mung sakêdhik pangungune | dera nyangkêlit wutuh | tikêl tiga tatkala nguni | Kyai Agêng Sangkêlat | Ki Supa angrungu | apa sababnya de awrat | tar pinanggya katrangan muwus wus pasthi | karsaning [kar...]

--- 112 ---

[...saning] Dad Kang Mulya ||

30. nora luwih mung angati-ati | ring kang raka hèh ta kakang Jigja | yya nganti kawêdhar ngakèh | gya sowang-sowang mantuk | atur uning marang sudarmi | solahnya jagèng nata | bagyantuk pitulung | jêng ratu marta waluya | dupi sênggang samya ginanjar rukma di | wastra katga myang arta ||

31. duk samana wus antara lami | Kyai Supa pamit ring kang rama | ibu yun mulih sakaro | mring Tuban rèh wun dangu | sampun klilan budhal sang kalih | kang mèstu kawan dasa | kang mêksih mung pitu | tan cinatur anèng marga | wus lêstari praptèng ing Tuban nagari | gantya kang winarsita ||

32. wontên dipatya sadarpa ngudi | ambawani wibawa narendra | mêngku tanah Jawa kabèh | tur mêksih kadangipun | lan sinuwun ing Majapait | wau sang adipatya | karan Siyunglaut | kêkutha nèng Balambangan | gêmah arja nagara pasir awukir | praja ngungkang samodra ||

33. cêlak găngga kang mili ring jladri | tata caraning tan siwah nata | wus tan kinăndha rênggane | derarsa kumacèlu | wahyèng wahyu jumnêng narpati | makêthi-kêthi srana | sangking dyija wiku | nanging dèrèng kasatmata | awit mêksih Majapait nyakrawati | ingrèh narendra tama ||

34. marma sirêp mung nyipta panggalih | parasdyaning nêkêl tanah Jawa | ucapên ajar kinaot | srama anggraning gunung | apêparab [apêpa...]

--- 113 ---

[...rab] Ki Ujungsingkir | waskitha tyas nirmala | jangkaningrat wêruh | miwah ubênging bawana | ganal gaib Ujupsingkir datan wigih | nujyari Gara mulya ||

35. agnyaning tyas marêk Sang Dipati | Siyunglaut mandhirèng Blambangan | tantra tumraptèng ngarsane | sang dipatya panuju | siniwakèng sagung pra dasih | yayah paguting raja | Kya Ajar nèng ngayun | ènjèr mudyaning parasdya | ingancaran lênggah keringing dipati | sinambramèng pabagya ||

36. wus nyakramèng ning ajar bêbisik | hèh dipatya praptèng sun hyun pajar | ring sira ing satuhune | rèhning drêng kusung-kusung | ngupa srana dera ngulati | wahyaning wahyu wirya | mêngku prajarja gung | kang sirna sangking sisihan | kita srung wruh kênyataan kang kakiki | asmaning wahyu kobra ||

37. nguni mungguh kraton Majapait | mangke wus gingsir ngalih panggonan | ingkang măngka saranane | warni katga linuhung | dhapur sangklat pujaning wali | drajat kang maha mulya | nuksmèng anèng ngriku | dumunung mampir nèng Tuban | mboya lami kiraningsun pêsthi ngalih | kang kyawi mêngku praja ||

38. dèrèng dangu nulya nuksma ngalih | wanci ratri nèng dalêm mudraka | campuh lilih-ungkih[15] rêmon | kasor Ki Condhongcampur | pugut tri luk kêmbang kacang nis | duryat manjing sakala | ring Sangkêlat dhuwung | gingsire wahyu narendra | wêngi iku yèn andika nêdya mèksi | mangke dalu kapriksa ||

39. sangking sanggar pamlêngan katawis | yayah

--- 114 ---

teja wangkawa trus wiyat | ing Tuban duryat awite | lan malih sutaningsun | ngupoyoa jalma sinêlir | rèhning karti duskarta | jalmendra jaya nung | andaut Kyai Sangkêlat | bokmanawi dhuwung sêpulur nèng ngriki | têmtu ngrèh nungsa Jawa ||

40. sang dipati trusthaning panggalih | mituhu sajarnya sang pandhita | dungkap hyang arka mangulon | nêtya[16] trangirèng satun | sang dipati lawan sang rêsi | malbèng pidik anêdya | mèksi darajat nur | nurbuwating tanah Jawa | byar katingal wangkawa sumundhul nglangit | tan salingsir sakesya ||

41. sangsaya gung sutrisna jrih asih | sang dipatya marang sang pandhita | trang nirmala pangawruhe | ki ajar gya jinunjung | ajêjuluk pandhita murti | Dyija Sidikwacana | artine jarwa trus | klilan mantuk ring asrama | sang dipati siniwèng gung para dasih | nêbda pasang sucipta ||

42. hèh wadyèngsun gêdhe miwah cilik | myang nom tuwa sapa bengkas karya | dadya sandi ngupayèng ngrèh | mituhu sapituduh | kalêksanan kang ingsun purih | cocok wirayatira | kang ngasramèng gunung | Panêmbahan Sidikwêca | wus têrtamtu manira wisudhèng linggih | rikbêstir Bêlambangan ||

43. rèh mukaning mantri la wong lami | ginatyoa wong nampuni karya | minggu pra punggawa kabèh | tan ana ingkang saguh | dupi mirêng sabdèng dipati | mung sajuga carakan | dadyapdi pamayung | nèng pamêngkêraning [pamêngkê...]

--- 115 ---

[...raning] dipatya[17] | ngampil songsong mugut sabdaning dipati | dhuh gusti mung kawula ||

44. sagah dèrèng katênan manawi | atuk bagya karsa jêng paduka | nanging patik nuwun barès | punapa kang kinayun | ingkang kinging amba lampahi | sandika mèstu karsa | malbèng wèsthi lêmbut | sanadyan manjing dahana | dalêm Cluring gusti sandika nglampahi | rêmuk binadhêmêna ||

45. sang dipati kagyat duk umyarsi | aturing Cluring panggah sukarya | gya ngandakan malbèng gêdhong | pacuh yya na jalma wruh | amung Cluring kang dèn tibali | ijèn marêk ing ngarsa | hèh Cluring saguhmu | gèndèng marang kanyataan | karsaningsun sira sun duta ngupadi | kris pusakaning nata ||

46. kang dadyanyar tuk sabdaning wali | dhapur sangklat mangke rèrèn Tuban | kang kanggonan buh arane | dhusthanên kang kadaut | Cluring matur sandika gusti | wisata glis tumrapta | kitha Tuban laju | mring wismaning kang kawasa | midêr midrê nèng dalêm datan pinanggih | kapungkur manjing sigra ||

19. Pangkur

1. mring wismaning Kyai Supa | amangudikara dangu tan panggih | Ki Cluring èngêt ing kalbu | nulya panggandan[18] | tinarimèng jawata budayanipun | panggya nèng ulu pasaryan | sirêp beganada dadi ||

2. sadalu wran jroning wisma | tan ngulisik kataman sirêp mandi | Ki Supa lan rabènipun | nendra sebak [seba...]

--- 116 ---

[...k] pralaya | warnanên sang duratmaka wus adaut | wus sinangklit Ki Sangkêlat | moglèng-moglèng tan pakèring ||

3. Ki Cluring sampun umahya | gya lagsana kya injing sampun têbih | kirdha tan kwandaka samun | Cluring wikrama tama | tan kacitrèng kang pêthi mêksih tumutup | kuncinya pan ora owah | maksih wêtah kadya nguni ||

4. wus lêpas Cluring kirdhanya | tan cinitra Blambangan sampun prapti | tumamèng byantara bukuh | dipatya pasrangkara | kaya priye Cluring pakaryanira dhus- | tha pusakaning jagat[19] | Kyagêng Sangklat apa kinging ||

5. Cluring matur gusti kilap | rèh kawula katambêtan ing warni | kabar dhapur amba tan wruh | amung sangking wantara | pangrimatnya tartip ulêsnya sap pitu | punika gusti kang warna | dasih nglêbêt dèrèng uning ||

6. gya tinampan sang dipatya | glis tinarik katga kagyat mangèksi | kang warna abang umancur | sunar kêthap kumêlap | prabèng katga nukma ring narpa sumaput | ananging sang adipatya | maksih kasamaran galih ||

7. lah mara Cluring mèstua | marang ngarsaning dyija kang sung uning | jăngka wahyaning dhuwung[20] | nyata kalawan ora | iya dudu manawa lakumu klèru | sang dipati sampun tindak | jêng kyai sampun nangklit[21] ||

8. sêsona prapta ing arga | tumamèng ing dhepok [dhe...]

--- 117 ---

[...pok] sang rêsa mèksi | gurawalan gènnya mêthuk | gya dhodhok ngapurancang | arda kagyat sang dipati mring sang wiku | nêbda lah pagene dyija | kadingarèn anor dhiri ||

9. kula prapta dhurakalan | asta ngapurancang dhodhok nèng siti | sang dipati lon sumambung | yya kagyat sang dipatya | mila kula kurmat dhodhok mara sadu | mboya ngurmati paduka | dhodhoki pusakèng bumi ||

10. wiryaning jagat wus mahya | kawistara inggih punika yêkti | botên susah kula dulu | wus katsatmatèng tăndha | wus têtela wahyu kobra wontên ngriku | lah egal laju kondura | kyagêng simpênên kang têrtip ||

11. cangkelak kodur sakala | praptèng pura winorkên pusaka ji | ulês wastrendah sap pitu | sêmana sang dipatya | dintên Suma enjing miyos yayah ratu | lênggah sanasewakendra | pêpak wadya agêng alit ||

12. samya sowan kadya ngadad | pra pandhita pêpakan dèn tibali | cèkèl cantrik uyusuntung[22] | puthut wasi jêjanggan | samya jajar munggèng kering urut lungguh | pêpak sagung pra punggawa | narapraja narakardi ||

13. gya dipati paring dhawah | ring bupati panèwu tuwin mantri | hèh rêngên kabèh myèngsun[23] | mangke karsa manira | jumnêng nata tan siwah [si...]

--- 118 ---

[...wah] ing Majalangu | Sinuwun Prabu Blambangan | sandrika wran saur pêksi ||

14. umung pra pandhita tapa | angèstrèni mêmudya mantrèstuti | ring Widi widagdèng prabu | wusnya tadhah sandika | sri narendra malih angandika arum | kabèh pra punggawaningwang | kabèh para rêsi-rêsi ||

15. dening mangke karsaningwang | rèhning Patih Blabangan lowong lami | Si Cluring juru pamayung | sun angkat dadya patya | amêmatah ingêring wadya myang wadu | sadaya tanah Blambangan | mèstuti turut kang yugti ||

16. udhang-udhang wus mupakat | ăndrawina boga sat rasa wradin | raja wedha abêng elur | carikan tata wrata | wusnya rampung ajat dalêm wusnya barkat dinum[24] | para dama pêkir papa | tan ana kang nguciwani ||

17. pukul juga rampung bubar | sri narendra kundur pinêthuk cèthi | pawongan biyadèng kratun | dene para punggawa | rêsi-rêsi uga mundur sami matuk | ring romahnya sowang-sowang | warnanên kang nganglang bumi ||

18. wali pamungkas sudigbya | Jêng Susunan Kali bijagsèng bumi | kang wus tan samar ing lêmbut | wruh pusakèng bawana | Kyahgêng Sangklat kêne[25] duratmaka daut | Jêng Malaya sigra-sigra | têdhak marang kitha Tubin ||

19. yun wikan puwaranira | lan nêdya wrin prunan jalu sawiji | tan cinatur [ci...]

--- 119 ---

[...natur] tindakipun | prapta wismaning Supa | jujug langgar tumulya lênggah pitêkur | Supa kagyat gya ngosya[26] | ring jêngku Jêng Sunan Kali ||

20. Sang Dyah Rêtna Rasawulan | wusnya mundur tata-tata miranti | olah-olah tata matut | rampatan yun sugata | kanjêng sunan ngandika êndi anakmu | sun arsa wruh wus sêpira | Supa matur sawêg guling ||

21. mila wêgtu sawêg nedra | tantra dangu rare nulya ngalilir | ring blumbang lor kulonipun | yun makani wiyăngga | wantu rare cingkrang wawèka kacêmplung | blumbang tan na janma wikan | tantra dangu angêmasi ||

22. kumambang nèng madyèng blumbang | Kyai Supa sangking langgar umanjing | pasaryaning wêka suwung | nyiptèng tyas putra dolan | ingupadi kapanggya nèng madyèng ranu | wus pralaya tarpa sisya | kabopong mêntas tumuli ||

23. binêkta manjing jro wisma | sinarèkkên gya kinêmulan jarik | ciptèng tyas Supa tan sung wruh | marang Dyah Rasawulan | kang wantyèstri tan srata wruh atma layu | karya kisruh tata boja | karya nyunggata Jêng Kali ||

24. sênajan marang jêng sunan | datan matur yèn ingkang putra lalis | yèn kagol cuwaning kalbu | ngantu tyasnya Ki Supa | mêngko bae yèn wus dhahar ingsun matur | yèn atmaningsun pralaya | karana kalêbèng warih ||

25. Supa wangsul marang [ma...]

--- 120 ---

[...rang] langgar | nênggak waspa sinamun sruwa mi[27] | sinamudana kadulu | dera gung kasangsaran | kawasita boja rampung dan wus mêtu | dhahar wuduk ulam tămbra | sawiji bumbu rip-urip ||

26. sawusnya sumaos ngarsa | kanjêng sunan mundhut priksa mring rayi | yayi iwak tămbra iku | sira olah punapa | sang dyah matur urip-urip cara dhusun | nulya dhinahar sakala | wantara ênting sapalih ||

27. jêng sunan emut mring plunan | Ki Nom ingkang mingsih eca aguling | kanjêng sunan nguwuh asru | hèh Ki Ênom mêtua | payo padha bukti urip-urip iku | enak timên sariranta | Jaka Supa kagyat tangi ||

28. mirêng sabdaning jêng sunan | gregah tangi lumajar jegang linggih | Supa manjrit sarwi ngrangkul | dhuh sutaningsun nyawa | Jêng Malaya kagyat dènnya krananipun | Ki Supa matur sru têrang | purwa madya amêkasi ||

29. mèsêm jêng suhunan sarya | dumugèkkên gèn dhahar urip-urip | ngandika lon ring kang sunu | thole sira mangana | rip-rip tămbra-tămbra myarsèng sabda nglubuk | milar malêbèng balumbang | wit antuk sabdaning wali ||

30. warnanên lêmbaran ayam | mêksih wêtah ingkung tumramping piring | lagya [la...]

--- 121 ---

[...gya] kadhahar kang brutu | jêng sunan angandika | ki pa tunggal bubu rip yam piring nglubuk | lumajar saba ing latar | dadya jêpun tukung putih ||

31. krana sêbdèng wali tama | praptèng mangke turun-tumurun maksih | ayam pêthak jukung tukung | sadene iwak tămbra | wus sêparo daging brastha iwak idhup | mangkya anèng tanah Tuban | tămbra urip sisih êri ||

32. wus dumugi gènnya dhahar | Kanjêng Sunan Kali ngandika aris | hèh Supa ingsun arsa wruh | dadine Kyai Sangklat | lah jukukên trangginas Ki Supa mlêbu | ring wisma buka pêthinya | nèng ulu paturon sêpi ||

33. sadaya wadhah kabuka | ngêndi-êndi kèh bantal dèn blekrahi | nguwuh ring garwa tanya sru | hèh yayi paranbaya | marang ngêndi Ki Sangkêlat murcanipun | gugup Supa tyasnya bubrah | nalsih jro wisma tan panggih ||

34. wusnya krana duratmaka | sigra Kyai Supa umatur aris | cabar tiwas ina ulun | Kyagêng Sangkêlat kedran | mokal lamun binêktèng durtèng si layu | wadhah wêtah datan ewah | jêng sunan mèsêm duk myarsi ||

35. wun dangu antaranira | Kanjêng Sunan Kali pamit ing rayi | mahya Supa atut pungkur | kurmat mèstu ing

--- 122 ---

wutat | pan wus têbih sawiji tan na janma wruh | sunan ngandika hèh Supa | kyagêng ginawa ing maling ||

36. mangetana kene iya | aja mulih yèn Ki Sangklat drung panggih | yya sira pamit garwamu | dina iki mangkata | Supa matur sandika mituhu dhawuh | sunan ngulon Supa ngetan | tar cinatur anèng margi ||

37. jujug kitha Surapringga | ngupa warta dom sumurup ing warih | tan atuk kabar kang kusus | Supa ning Surabaya | karya kêris pitulas kang dhapur parung | kris pandhawa karya songa | dupi nèng ngriku wus lami ||

38. tar antuk warta kang têrang | Kyai Supa ciptèng tyas arsa malih | marsudi panggihnya dhuwung | Supa sasilih aran | Kyai Kasa gya jog kitha Madura wus | Ki Kasa karya curiga | cacah kalih dasa iji ||

39. tumbak tigang dasa tiga | nulya napak ngidul ngetan rut jladri | tumêdhak plabuhan jujug | pur Basuki kitharja | mangke karan Basuki Supa nèng ngriku | salin têngran Kyah Tapan[28] | karya kris pitulas iji ||

40. tumbak tigang dasa tiga | Kyai Tapan nèng kono tarak bukti | manêgês ring datul guyup | tan atuk wênganing tyas | gya mangke wus mangetan kirdhanya têrus | praptèng tanah Bêlambangan | kita pan

--- 123 ---

sasilih nami ||

41. Kyai Pitrang syarjaning tyas | hyun nyuwita mring kanjêng sri bopati | ing Blambangan Siyunglaut | kapêngkok tyasnya Pitrang | gya ngupaya marga kunjuknya sang prabu | ciptèng kalbu amung manjak | mring Pu Sarab sudyikbyèsti ||

42. rèhning Kyai Êmpu Sarap | wus misuwur guna digbya kèh wêsi | pakarti agêming ratu | kêrêp imbal wêcona | tur kulina priya gêng twin patihipun | tumulya Pitrang pralêbda | ngarsèng Êmpu Sarak panggih ||

43. kêrpanor manuhararda | Kyai Sarab waskitha ngancarani | satata pabagya dinum | Ki Sarab atêtanya | yayi kula katabêtan kang kasêbut | ing wuri pundi pinăngka | paran parasdyanta yayi ||

20. Sinom

1. sang taruna matur krama | pinăngkamba sangking Gêrsik | pun Pitrang nama kawula | trah lêluri pandhe wêsi | nanging kuciwa maksih | gêgarapan wêsi blilu | marma mlayèng bawana | ngupadi wênganing budi | yun waskitha sukarya tumbak lan katga ||

2. tatkala amba nèng wisma | amung damêl pacul arit | karah lading kêjèn kujang | dupyèngsun angèksi-èksi | tan bangkit tumbak kêris | sadarpa tyas ingsun cubluk | ngupa pramaning karya | botên ketang manrang wèsthi | lampah klantur praptèng ngriki mirêng warta ||

3. paduka digbyèng

--- 124 ---

wikara | putus munah waja wêsi | kartisara tumbak katga | kapecut cipta kapingin | manjak dadya pakathik | mboya kusut ngong yun baut | pintên banggi sarupa | miriba kiwala bêcik | mamrih dadya panutun pangupa jiwa ||

4. Ki Sarab sêmu kaduga | tandukning nayana kèksi | ngandika hèh yayi sira | kumacèlu pandhe wêsi | karya tumbak lawan kris | yèn têmên lan marsudimu | wantaraku tan lama | manyakup pagunan wêsi | iya iya yayi ngong tampani sira ||

5. sêmona Ki Êmpu Sarab | marang Ki Pitrang arda sih | rèh miturut bara prentah | nyêkêl palu kikir-kikir | têrampil alus rêsik | wêkêl tlatèn rikat putus | sabên dina Ki sarab | sowan garap kèhing wêsi | Kyai Pitrang datansah mèstu sakarsa ||

6. wusnya antaraning lama | nuju ing sawiji ari | Kyana Patih Cluring arsa | wiyasa sajuga lading | wangun tunggul kang tipis | kinarya pamugut kuku | kya patih arsa sowan | mampir ing bêsalèn panggih | marang Kyai Sarab kya patih ngandika ||

7. hèh paman manira ngalang | gawe dika sawêntawis | karyakna mugut kênaka | lading tunggul ingkang tipis | sandika kang sinung ngling | kya patih laju malêbu | Sarab dhawuh mring Pitrang | hèh yayi gawèkna dhisik | peso tunggul tipis pamaras kênaka ||

8. Ki Pitrang tumulya karya | lading samana [sa...]

--- 125 ---

[...mana] wus dadi | tandya ginosokwa ing wungkal[29] | kyana patih kondur mampir | ring bêsalèn yun ngambil | lading kasaoskên sampun | wangun cocok ing karsa | laju kondur kyana patih | praptèng natar kapêthuk tênayanira ||

9. lagya yusya tigang warsa | lumayu gapyuk sudarmi | lêrês kya patih kang ngasta | lading tugul bêlèr driji | ring putra kang mlajêngi | sakala sang rara layu | sirna jatining atma | dupi siniraman warih | kang susawa bosok mumur lwir gusthika ||

10. kagyat jêngêr kyana patya | micorèng jroning panggalih | apa lading lwih mandinya | mokal mêksih anyar dadi | coba lading puniki | ngong prangne pêthetan jêruk | myang kumuning sakala | gogrog godhong kayu aking | duk sêmona nulya mundhut wran dêdosan ||

11. kang wus tampi ukum kisas | tumramtèng ngarsa kya patih | ginarit sikilnya kiwa | dadak sêkala ngêmasi | bangke tan kalap kadi | glêpung gya sinarung laut | Patih Cluring tela trang | kêmadèning lading luwih | ngunguning tyas mau sapa ingkang karya ||

12. lah sun kone karya katga | sajuga tumbak sawiji | dupyenjang rêkyana patya | sowan ring bêsalèn mpir[30] | ngandika lon rum manis | hèh Sarab ingsun arsa wruh | wingi sapa kang karya | lading tunggul iya iki | Sarab matur ingkang damêl kănca kula ||

13. wasta pun Pitrang [Pi...]

--- 126 ---

[...trang] punika | asli sangking tanah Gêrsik | manêdya magang sukarya | umèstu jêng sri bopati | kawignyan pandhe wêsi | amung tatah lading pacul | karah kêjèn lan kujang | angandika kyana patih | hèh Ki Pitrang sun yasakna kris lan tumbak ||

14. sajuga bae kang yugya | kagyat Ki Pitrang èsmu jrih | o o dhuh kanjêng bêndara | klèntu panyakra sayêkti | amba sadarpa pingging | kartisara dèrèng tau | gêjawi lading karah | kyana patih drêng ing karsi | lah bok iya sak rupa-rupane trima ||

15. janji tapak astanira | yèn kowe kurang mangêrti | têtakona Kyai Sarab | kartine tumbak lan kêris | yya tinggal ngatas kawrin | nanging pamukul tanganmu | aja nganti kasêlan | purwa wêkasaning dadi | rèh kabutuh Ki Pitrang matur sandika ||

16. nulya nyandhak wêsi waja | tinandhing-tandhing kang bêcik | myang pamor wrêsni sakawan | kang pinilih amung kalih | Prambanan lawan Bugis | wêsi cinandhak winasuh | nanging prayitnèng driya | Pitrang tansah ngatas uning | barang karya sadhela-dhela têtanya ||

17. mring lurah Ki Êmpu Sarab | pasang slarak pamor wêsi | wus mangkono api kurang | Ki Pitrang dera karya kris | sajuga tumbak siji | katujune bagya bagus | gatga dhapurnya jalak | tilamsari waja ngisis | sêmu wilis pamor adêg jajar tiga ||

18. gănja

--- 127 ---

pamor têmu gêlang | kêras landhêp tilam putih | tumbak juga biring lanang | pamor jêjêg urut pinggir | tan siwah waja wêsi | kalawan dhuwung sarujuk | sêmana wus binabar | tiniban warangan wilis | wantra dina patih prapta mundhut priksa ||

19. hèh Pitrang apa wus dadya | kêris ngong matur wus dadi | ingaturkên lan tumbaknya | gawok ki patih umèksi | winawas wanti-wanti | dêdêg pukiraning wangun | ngungun rêkyana patya | titi waskithèng tyas wêning | angandika ring Pitrang sirèku sapa ||

20. nguni cêkêl gawe apa | dene bawah Majapait | ratu tan uning ring sira | bisa kagunan lilêwih[31] | pagene praptèng ngriki | sirèku êmpu linuhung | Pitrang matur bêndara | amba trahing narakarti | èstu dadya pandhe nanging damêl karah ||

21. salami kawula gêsang | dèrèng nate damêl kêris | sawêg sapisan punika | mituhu piwulangnèki | kyai lurah kang mêrdi | dumadak tyas amba nurut | cocok tangan lan prana | nadyan kawula pribadi | tumut ngungun tăndha bêrkahnya ki patya ||

22. tuwin bêrkahing narendra | sinuwun ing nagri ngriki | saryantuk sawabing lurah | sangsaya gawok ki patih | ngungun micorèng galih | ingsun pêpatihing ratu | wênang wajip tur wikan | yèn ana janma linêwih | amupuni munah sara wêsi waja ||

23. sigra-sigra kyana patya | sumaos jêng sri bopati | manêmbah [ma...]

--- 128 ---

[...nêmbah] muka wor kisma | dhuh gusti kang misudhèng sih | jrih kawula dadyabdi | dening ratu pinisêpuh | munjuk matur upiksa | nagari dalêm sêmangkin | kadhatêngan tiyang sangking măncapraja ||

24. sing Gêrsik nama pun Pitrang | maksih tarunarda sigit | trapsila tênaga yayah | narapraja trahing mantri | wusananipun gusti | mung sutèng pangayah dhusun | pangagêmipun kriya | pandhe wêsi pacul arit | amba minta lading pamugut kênaka ||

25. suta kulèstri kapêrang | balur dariji sakêdhik | pralaya mumur gusthika | nulyamba prangkên kumuning | wit pêthetan jruk lêgi | pralaya pradapa layu | amba brètkên sakitan | pêjah sêg gusthika mimir | ajur mumur sawa linarung jamuna ||

26. saklangkung amba lwih kaglat[32] | laju kawula karya kris | sawiji tumbak sajuga | Pitrang kipa-kipa ajrih | mopo salami urip | dèrèng nate karya dhuwung | tandya kawula pêksa | kalêksanan mangkya dadi | tumbak juga dhuwung juga lah punika ||

27. kapundhut nata sru mawas | slarak wêsi pamor kalih | dêdêg wangune kang sara | kajaja sêdhênging galih | sadarpa gung ngebati | gunjing mustakaning prabu | ngungun sarwi ngandika | hèh patih nagara ngriki | durung ana karya katga lyir punika ||

28. lah ta age timbalana | kyana patih nuding abdi | kinèn [ki...]

--- 129 ---

[...nèn] nibali Ki Pitrang | sandika lêstari kerit | tumanduk ngarsendra glis | marikêlu ngusyèng lêbu | sri narendra ngandika | bagea Pitrang basuki | sak suwene sira nèng nagaraningwang ||

29. nêmbah nuwun Kyai Pitrang | tan kirang satunggal napi | sêdhêng cukup boga wastra | bêrkahing narendra murti | têbih sangking sêsakit | tuwuk suka wirya nutug | nata malih ngandika | wus pirang sasi nèng ngriki | Pitrang matur lagya dungkap kawan căndra ||

30. jêng pamasa ngasta katga | kang sangking rêkyana patih | Pitrang iki karyanira | tumbak juga kêris siji | Ki Pitrang munjuk inggih | nanging mèt sangking pamuruk | dalêm Ki Lurah Sarab | tan pêgat gènnya nuturi | sabên dintên amba cathêt driyasmara ||

31. sangking sadarpambêg wignya | sajarnya kawula èsthi | angsal bêrkah padukendra | pitulunging sida jati | kajatèn amba kêdhik | sagêt mirit karya dhuwung | gusti inggih punika | wau rèhning dalêm pingging | salamambya dèrèng nate damêl katga ||

32. nata èngêt ciptèng prana | Pitrang nyata êmpu lêwih | kabangkitan anyar têka | lah mbok iya ngong mutrani | pusakèng bumi Kyai | Sangkêlat apa ta saguh | manira anggo padinan[33] | narendra ngandika malih | hèh ta Pitrang apa ta sira kaduga ||

33. mutrani pusakèng

--- 130 ---

jagat | pamundhèning nagri ngriki | wujut kris dhapur Sangkêlat | mung mèmpêra bae thithik | sang nata gya manarik | Kyagêng Sangkêlat jinujung | Pitrang iki warnanya | kagyat ing tyas Pitrang mèksi | garagapan sudeya capyèsmu lêsah ||

34. nguni kadika iladalah[34] | dilalah karsaning Widi | dene praptèng kene paran | karana apa jêng kyai | Pitrang matur ngabêkti | dhuh bathara jêng sinuwun | Supa tur sagah-sagah | yèn atuk parmèng widyadi | Yyang Siwanda lamun manjangakên usya ||

35. sang nata aris ngandaka[35] | Pitrang dêlêngên kang titi | yèn wus trang titi gawea | matur mopo tan kadugi | manawi mung mangèksi | mbotên sagêt amba nurun | lamun parêng karsendra | pola pinaringkên dasih | kang supadya mèt yayah Wisnu lan Krêsna ||

21. Asmarandana

1. brănta narendra bêbisik | mring Cluring hèh paman patya | supaya kalêksanane | karsaningsun karya putra | manurun Ki Sangkêlat | kang nyirnakkên sumlang kewuh | dadining Sangkêlat putra ||

2. kapriye kartining patih | kudu nganggo yitnèng praja | sênadyan dudu bobote | Pitrang manyidrèng pusaka | janma tan kênèng ngina | patih manêmbah umatur | kajawi karsa sang nata ||

3. pinarnah nèng jro capuri | èntên udyana pêngkêran | tur santosa laleyane | de pun patih saha kănca | tugur madyèng wiwara | pra prajurit yya na turu |

--- 131 ---

rumêksa kakarti baya ||

4. sarèhning madyèng pijani | pan sampun kêmput balumbang | wisma ing têngah ginawe | wisaya putrèng pusaka | Pitrang lêbêt lagnyana | jêng kyai yugya kadunung | nèng sadalêming gandhaga ||

5. têpining blumbang prayugi | prajurit mubêng giliran | pêthuk tyas sira sang rajèng | nata gya ngandikèng Pitrang | hèh sira ingsun sarah | nanging kowe kudu manut | apa karsaning ki patya ||

6. tumulya Pitrang dèn irit | manjing purantara nata | laju mring udyana age | pungkuran dhatu suyasa | Pitrang kinèn mariksa | wus wêspada gya umatur | sandika mituhu karsa ||

7. nanging punika wisma lit | kang anèng madyèng balumbang | kabrukutana sêmangke | mupung arinya prayoga | pêndangon ringkêl janma | tumuju upas tumurun | tampaning wuku Galungan ||

8. griya ingupakara nis | brukut rapêt tan katingal | kabèh pirantining pandhe | kinarya sintru duratma | Pitrang wus milih waja | wêsi pamor wanci surup | Ki Pitrang manjing udyana ||

9. nèng wisma sadarpa trêtip | nulwa patih marêk nata | mangatas karsaning katong | kyagêng sumare gêndhaga | wrăngka nèng ngarsa nata | gêndhaga binêkta gupuh | dening ki patih priyăngga ||

10. umanjing marang dhatyalit | sinrahkên Pitrang wus tămpa | ki patih tugur ngarsane | nisihi para punggawa | kang jaga [ja...]

--- 132 ---

[...ga] lyih prayitna | warnanên Pitrang manêkung | munajat marang Dad Mulya ||

11. sêmadi sru mantrastuti | wêsi waja wus kaasta | dèn urut kewala dados | curiga kêkalih samya | dhapur warna tan siwah | agêng alitipun jumbuh | gunggung dadya dhuwung tiga ||

12. lan Kyai Sangklat kakiki | Pitrang kawêkèn jroning tyas | derarsa manyingitake | ring kyagêng pusakèng dunya | gyantuk wênganing cipta | matak donga sirêp kabul | kang tugur nedra sêdaya ||

13. sêdene kiyai patih | miwah bupati nayaka | samya kêpati turune | Pitrang tinrimèng wikrama | dadya sasêdyanira | sing wisma udyana mêtu | nêpak laleyan plêg mêndhak ||

14. sêdyèng tyas arsa mring kali | daut Ki Agêng Sangkêlat | nulya kadunung jroning we | pan wus tinihan sela[36] | parmaning Yyang Dad Mulya | kyagêng sacêngkang lan banyu | marma tan têlês samana ||

15. prêmati tan na jalma wrin | Pitrang wangsul sigra-sigra | mring madyèng udyana jêro | kang gunasti mêksih dadya | laleyan papak kisma | Ki Pitrang sêmona laju | malbèng dhatyalit singidan ||

16. wran tugur tan ana nglilir | ki patih sakancanira | mingsih eca-eca sare | kapati ngorok sêngguran | mahya malih Ki Pitrang | anggugah janma kang turu | dupi wanci bangun enjang ||

17. umarêk marang ki patih | kagyat wungu [wu...]

--- 133 ---

[...ngu] guragapan | kraos suda prayitnane | kyana patih atêtanya | punapa atuk karya | Pitrang matur kados kabul | tinarimèng batharendra ||

18. gêndhaga binuka nuli | jro isi katga dyi kêmbar | datan siwah suwarnane | dêdêg tangguh tan sulaya | kya patih atêtanya | Pitrang êndi putranipun | apa kering apa kanan ||

19. mangkya yèn dinangu gusti | rèh padha yayah cithakan | kang lawas kang anyar priye | Ki Pitrang matur kawula | saèstu datan pirsa | dadosipun sing panuwun | dhatêng Yyang Suksma Kawêkas ||

20. amba sadarpa tan uning | dupi byar raina nulya | patih lan Pitrang sumaos | sarta mangampil gêndhaga | marêk ngabyantarendra | gêndhaga binuka sampun | dening kanjêng sri narendra ||

21. dèn asta dhuwung kêkalih | winawas-wawas jroning tyas | kang anyar kang lawas kepon | dêdêg agêngnya tan siwah | kewran tyas mundhut priksa | êndi Pitrang pusakèngsun | pêpundhèn nagri Blambangan ||

22. Pitrang matur tan udani | yasamba sangking parasdya | mêlêng sêmadi jatine | marang Yyang Suksma Kawêkas | gêndhaga amba bikak | wus watêg karweka dhuwung | kilap kêng lami lan inggal ||

23. kawula sadarpa tan wrin | nata gya mundhut sarungan | tumulya sinarungake | gênti-gênti tan sulaya [sula...]

--- 134 ---

[...ya] | nora rênggang sarema | gêdhêg-gêdhêg sang uprabu[37] | ah dudu rasane Pitrang ||

24. sri pamasa wali-wali | dangu kang lawas kang anyar | tan wruh putra lan babone | sênadyan kaanggêp padha | kudu wrin kang sanyata | pagene Si Pitrang bingung | tate ta trang sangking puja ||

25. yèn mangkono kêris iki | gênah karsaning Suksmana | răngka juga kêris roro | rèh wus tita nora têrang | babon kêlawan putra | kang karya uga datan wruh | hèh patih parentahêna ||

26. sacakraning nagri mami | sajroning karaton ingwang | wit dina iki slawase | yya na kris dhapur Sangkêlat | kang sebak pusakèngwang | roro iki warna jumbuh | undhangna ubênging jagat ||

27. rêsi-rêsi ingkang drêgil | yya na kongsi kaliwatan | patinggi narakaryane | sêndhi umbul pandêlêgan | pêpacuh wus kapacak | sêtatsêblat pinggir gunung | tan kêna wong matur kilap ||

28. dene Si Pitrang ing Gêrsik | ingkang dahat mara dama | sun wisudha sangking asor | anamoa Pangran Sêndhang | ngong trimani putrèngwang | Sang Dyah Sugiyah rum-arum | mêksih kênya tampanana ||

29. nêmbah umatur kapundhi | mustaka sapucuk kisya | sih wilasa jêng sang rajèng | midrawa badan warata | yayah tirta sumarta | sasat jiwamba kajabut | dening Yyang Sewanda Kala ||

30. kalunturan sihing gusti | kang arda [ar...]

--- 135 ---

[...da] tanpa upama | nadyan griwamba kapêdhot | dèrèng sah sihing narendra | dhatêng pun dama papa | sèwu kêthi sêmbah nuwun | karilan mundur ki patya ||

31. Pangran Sêndhang datan kèri | dumunung nèng kapatihan | samana nata karsane | yasa pranatan wiwara | bojakramaning putra | wus tata-tata mêmatut | bujyèng sasana narendra ||

32. praptaning ari kapasthi | panggihnya nèng purantara | lwir adad caraning kraton | dèn arak mring kapatihan | barung kèh pakurmatan | wong noton jalèstri bingung | kyèh kayungyun ring rarênggan ||

33. Pangran Sêndhang warna pêkik | rinêngga busona endah | songsong kêrtas putih sèrèt | yayah payunge santana | pangran wahana kuda | wêkendra tumamèng ngayun | nitih jêmpona glas prada ||

34. dhasar ayu kênya adi | nêdhêng wancine syasana | tur sampurna katamane | kathah kalamun rinêngga | praptaning kapatihan | patut dènnya among tuwuh | tan kurang satu punapa ||

35. dupi antaraning lami | nata waskithèng pamulat | mring sang dyah ayu pangatèn | pêpasihan wong sucitra | rêsêp pamunah krama | nulya dhêdhawuh sang prabu | Pangran Sêndhang atuk kitha ||

36. pinaring kinèn bawani | ing Sidayu kang supaya | nuli ngêbrêgi sêmangke | sêndika Pangeran Sêndhang | mring Sidayu [Sida...]

--- 136 ---

[...yu] boyongan | gumrudug kèh kang papikul | sêlur tan kêna ingetang ||

37. praptèng Sidayu wus manggih | prabasuyasa rinêngga | dhasar ngrèh punggawa akèh | pantês sisya kadipatyan | samana Pangran Sêndhang | mukti wibawa wirya gung | tan ana winancak driya ||

38. Pangran Sêndhang tyasnya eling | marang lêlurahnya lama | Kyai Sarab lurah pandhe | langkung ingupamènira | gung kadanan pradana | bèr lumintu siyang dalu | Ki Sarab sakêthi suka ||

22. Dhandhanggula

1. lwir srêngkara kawuwusa malih | warnanên Kyagêng Tarub sêmona | wus seda nulya matune | Lêmbupêtêng sêsunu | priya pêkik amung sawiji | diwasa dining karya | Lêmbupêtêng murut | kang putra kalih dhadhêkah | sangking Tarub anèng sêselambêg taki | subrata ngèlmu rasa ||

2. mèstutyarja mring Jêng Sunan Kali | muruhita rèh aga Islam[38] | mila mituhu sapangrèh | sawuruk nora kantun | tinarima bratanirèki | têngran Sutawijaya | dene kang kasup[39] | Ki Agêng Gêtaspandhawa | duk samana karsanya Jêng Sunan Kali | ring Sang Sutawijaya ||

3. sinadhèrèkakên lan Dipati | Natapraja kitha ing Bintara | wus samya karon-karone | lyir tunggal yayah ibu | sang dipati dadya taruni | Gêtaspandha [Gêtaspa...]

--- 137 ---

[...ndha] tuwa[40] | kang dadya nom nurut | manut sabarang gunarsa | tata titi ing praja mangulah niti | kêdah rêmbug lan raka ||

4. kyai agêng nambut ing akrami | wanudya angsal sangking Sumêndhang | atut dènnya ajêjondhon[41] | wusnya antara dangu | kanan kering Dêmak nagari | kathah jalma kang Islam | tan kêna ingetung | malah wran urut samodra | pasisir lor Grêsik Pathi lan Sêmawis | Kêndhal Batang Kalongan ||

5. Têgal Batang Pasundhan Carêmin | Krawang Bantên Batawi wus Eslam | ingkang Buda siji roro | mèstu agama rasul | samya nêbut kalimah kalih | laila hailêllah | ana mukamadun | rasullolah mubêng ing rat | tanah Jawa myang pasisir kidul ugi | kathah wran manjing Islam ||

6. mung Sinuwun Prabu Majapait | Brawijaya sawadya punggawa | priyayi kang gêdhe-gêdhe | dèrèng wontên miturut | mêksih kêkah agama lami | Buda srengat yya brama | nêmbah Sang Yyang Guru | Wisnu Krêsna èsthining tyas | para dewa-dewa kang dèn widi-widi | yeka agama Buda ||

7. samana nuju ari sawiji | Kyai Gêtaspandhawa kèngêtan | ing Majapait sang rajèng | pinrih manjing Eslamu | nulya rêmbak dhatêng kang rayi | Dipati Natapraja | kyagêng alon muwus | lah sumăngga dyan dipatya | samya sowan rama [ra...]

--- 138 ---

[...ma] paduka sang aji | Sinuwun Majalêngka ||

8. atur pemut manawi kagalih | supaya ge manjing gama Islam | sawadya punggawa kabèh | sarengat kanjêng rasul | sang dipati mituhyèng karsi | nulya pradandan sowan | pra sakabat mèstu | santri kyèhnya sawêntara | sang dipati kyagêng nulya nglaksanani | lêstari kirdhanira ||

9. tan cinitra ing marga glis prapti | Majapait pinuju sang nata | siniwèng wadyabala dhèr | patih riya tumênggung | lênggah bale manguntur nangkil | kasaru praptanira | kang putra tumundhuk | lan Kyai Gêtaspandhawa | ngaras pada sang kalih ganti-gumanti | pinêluk kang lungaya ||

10. sinêmbramèng pambagya kêkalih | munjuk nuwun-nuwun klinggamurda | manjing êbun sabdèng katong | wusnya so kalihipun | sang dipati matur wor tangis | dhuh dewajining jagat | sang sinuhun-suhun | amba darbyatur prasaja | tulah sarik sêsiku nuwun brastha nis | mênggah lêpat kawula ||

11. amba mangke wus manjing agami | Islam mèstu srengat rasullolah | ngucap klimah tayibahe | lyir tyang Arab pukulun | ingkang măngka muka agami | ing Jawa wali sanga | de kang kawula nut | Sunan Benang Sèh Mulana | tuhu digbya sasminta ulah agami | nêmbah dadtul kadimah [kadi...]

--- 139 ---

[...mah] ||

12. ingkang karya bumi lawan langit | myang tumruning jawah sangking kasa | puniku Allah karsane | ganjar nraka syarga gung | amba liling sadaya gami | amung Arab pratela | wela-wela wêruh | mèstu kêkasihing Allah | kang wus nyata kangge ngrika-ngriki yakin | de janma tanah Dêmak ||

13. kanan kering myang urut pasisir | sampun sami manut rasullolah | pra taruna wêrda kabèh | sadene wiku-wiku | ngabên kawruh silaning pati | myang musa manirèng dad | kang wajibul wujut | samya kasor kawon nyata | rèh tyang gêsang gadhah pêpacangan pati | kang patitis ngupaya ||

14. botên lami nèng dunya upami | tiyang sănja mung sakêdhap netra | nèng ngakerat salamine | dêdunung tanpa petung | marma amba laju umanjing | miturut gami Islam | rèhne têrang têrus | wangsul agamining Buda | kirang cêtha ngawur dugi lan prayagi | têmên atur kawula ||

15. kagyat ing tyas nata èsmu runtik | myarsa turnya putra sa dipatya | nanging sinamun dukane | wantyambêg santya sadu | nuksmèng tama mangulah yagi | yagi sayugyaning tyas | hèh ta sira kulup | Adipati Natapraja | ywa mangkono rèh sênêngan wran agami | ora kêna kapêksa ||

16. de wus akèh wong manut sirèki [si...]

--- 140 ---

[...rèki] | iya sokur rèh dadi sênêngnya | nanging ingsun durung kegoh | kukuh gêgandhulaku | padha bae atas agami | kang sênêng ngalêmbona | kamulyaning layu | ingkang sêngit anênacat | wus mangkono lakuning wong sèjèn jinis | wus mêsthi tan knêworan ||

17. kabèh-kabèh critane wong urip | Buda Arab sayêkti tan beda | du kabare jalma layon | thole durung têrtamtu | ala bêcik sapa kang uning | ngambah marang kamuksyan | sapa kang wus wangsul | Buda Arab durung ana | nadyan kitap Buda Arab rontal gami | yasane Yyang Kesawa ||

18. ngaku săngka Sang Yyang Udipati | sedene rontale Sang Yyang Brama | ngaku dhawuhnya Yyang Manon | yeka Bathara Guru | bênêr bae thole sakawit | mobah-mosiking janma | wit Bathara Guru | guruning manungsa pada | sira prapta kene mèstu Yyang Pramèsthi | èsthi pangèsthènira ||

19. siji wujut budi cipta ati | angên-angên bènèh tunggal[42] | dene sira mungkir kuwe | manut wong mêndêm kulhu | Pangerane adoh lan ati | dudu jro dudu jaba | kabèh-kabèh êmbuh | dadine tanpa wêkasan | nanging sira thole gêlêm angantêpi | mung sokur bae nyawang ||

20. san ngatimu sun iki kang silip | yèn prasangatiku sira kang salah [sala...]

--- 141 ---

[...h][43] | nanging luput nora katon | bênêr nora kadulu | sapa wonge wruh jroning pati | pati ingkang sanyata | kabèh-kabèh bingung | de sira ngicipi laya | srana dikir pona wêruh sawarga di | sanatimu gon benjang ||

21. najan ingsun yèn muja sêmèdi | plêng sucipta nèng sanggar langgatan | bisa wêruh ing dewane | atêmtu padha wujut | wrin suwarga ing sunyaruri | wêruh junggring sêlaka | de nraka kadulu | ing kawah căndradimuka | blêgêdaba ingkang mubal-mubal gêni | hyun kaganjarkên durta ||

22. de suwarga kaganjar wong yukti | ingkang yakti asih marang dewa | pangiraku nora seje | thole lawan kawruhmu | mung jênênge bae salingsir | wong Buda lan wong Arab | seje bêbangsanipun[44] | yèn sêmbahyang cara Arab | lamun Buda cara Jawa muja-muji | mangkana kalakuan ||

23. lah ta thole sun arsa udani | kaya priye têgêse wong Islam | nganggo ngucap klimah roro | jarwanana sutèngsun | ingkang titi trus sarta rêsik | Dyan Pati Natapraja | sandika umatur | lailaha hailallah | wa anahu mukamadun rasullihi | makatên pradikanya ||

24. nora nana Pangeran sêjati | aming Allah ing satuhunira | Nabi Mukamat dutane | makatên jarwanipun | jawi sangking punika [pu...]

--- 142 ---

[...nika] [...] | sêmbah [...] | mahgrib ngingsa subuh | [...] | sabên Jumuwah nê [...] | [...] Islam ||

25. sri narendra [...] | [...] | [...] kokon | bandhane [...] | [...] | [...] | tămpa barang dhawuh | [...] wus sirna | magke sapa kang dadi [...] | [...] kaki sira ||

26. layak [...] | dèn urut marang kang nama Allah | [...] dhawuhe | yèn sira bisa wêruh | ingsun uga bisa mangèksi | yèn namung saka [...] | [...] palsu lawan malih | [...] | kaping lima sabên ari [...] | [...] ||

27. lamun nêmbah asma sira [...] | têtêpira manêmbah kumandhang | lamun nêmbah rupa [...] | [...] kang kok ujung | lamun sira manêmbah sêpi | manêmbah wangwung towang | kaglewan kawruhmu | dudu jêro dudu jaba | yèn mêngkono [...] sira gandhuli | mamuji tanpa karya ||

28. yèn Jumuwah sira malbèng masjit | sujut muji sajatining Allah | apa nèng jro masjit ênggone[45] | lah wêcakna putrèngsun | tanjakêna

--- 143 ---

ingkang patitis | yèn wus trang titi nyata | ramanta miturut | umanjing agama Islam | balih amung mirang-miring tanpa asil | hyun padhang têmah mamak ||

29. yèn sirarsa wruh agama mami | Buda kang wus kanggo kuna-kuna | thole patrape mangkene | basa Krêsna lan Wisnu | lwirnya Krêsna irêng kakiki | karêm ing [...] | iku [...] ingsun | sirna katunu dahana | basa Wisnu thole rasa kang sêjati | ngugêmi Sang Yyang Krêsna ||

30. dene ingkang ngrasa Yyang Pramèsthi | guruning manusa saha daya | angên-angên kanyatane | de kêmbang trate wulung | mêksih ana [...] | [...] sêbut Sang Yang Wênang | wêning têgêsipun | iku eling kene kana | têmbe muksya rahsa [...] dadya eling | manjing sakarsa-karsa ||

31. kasênêngan karsaning Yyang êning | tumanggal nuksma ring naranata | sayugya manjing rasane | jumnêng pribadi kulup | mungguh napas kita ing benjing | aran Sewanda Kala | yeka praptèng puput | mahya ngêbêki bawana | mulih marang asalnya ing nguni-uni | kusus kawruhing Buda ||

32. bisa ringkês pan narima galih | ala bêcik yèn ati narima | iku aran kawruh gêdhe | nadyan wong blilu cubluk | yèn wus mathêp ciptaning [cipta...]

--- 144 ---

[...ning] budi | budi angên-angênnya | pratăndha wus rujuk | lan guruning jroning jiwa | marma gama thole tan kêna pinardi | sasênêngan pribadya ||

33. mung kotamane wong cêgah juti | pra durta pantês atuk pidana | rèh mêmalaning wong akèh | de manêmbah Yyang Agung | nora kêna kaki pinêrdi | iku agama Buda | seje agamamu | bujuk-bujuk ngerang-erang | ngiming-iming mêmingin marang wong pingging | mêtu wuduk rasulan ||

34. ngaku-aku agama sinêlir | ngunggulakên utusaning Allah | kowe nora wruh jèrènge | mujijat sulap palsu | suprandene sira tan uning | ngêndi ana wong bisa | mabur tanpa wulu | ngaku mring Mêkah sadhela | sêjatine wong goroh angathik-athik | sêmana sang dipatya ||

35. arda ngungun majêng èsmu tangis | mirêng wêdhare rama narendra | jroning tyas saklangkung gawok | sang dipati mangungun | nulya munjuk jêng rama aji | lêrês sêbda panduka | lamun parêng prabu | amba nèng ngriki kiwala | botên nêja wangsul mring Dêmak nagari | rèh rêmên gami Buda ||

36. langkung ringkês gampil inggal tampi | gami Arab nglamtur ngayawora | puwara tanpa wêkase | de kang amba kèn mantuk | dhatêng Dêmak pun kakang Kyai | Agêng Gêtaspandhawa | kagyat jêng sinuwun [sinuwu...]

--- 145 ---

[...n] | hèh thole aja mangkana | tutugêna wibawambawani santri | kaki wêruhanira ||

37. ana jăngka wirayat kang gaib | para rêsi dyija kang bijagsa | kraton Majapait têmbe | gêmpur dening sirèku | kang ngrêbasèng pura pra santri | era-eru puyêngan | salin gama rasul | nanging Budane tan ilang | malah kisruh rusuh tataning nagari | pandoning suksma purba ||

38. wus mangkono datan kêna mungkir | wong Jawa Budane padha suda | gama Arab nora enjoh | akèh durta silayu | culikarda wit kirdhèng bumi | ing benjang păncakara | sira lawan ingsun | manira kasor mangendra | sira ingkang sumulih jumênêng aji | wahyaning wahyu kobra ||

39. mung wêlingku marang sira kaki | trah tumêrah saturun manira | êndi kang jumênêng katong | mêngku tanah Jawa gung | wanti-wanti yya dadi santri | tan dumèh padha Islam | ratu tan pikantuk | adad santri kurang tata | titi sirna duga prayogane mlêncing | saru mêngku nagara ||

23. Asmaradana

1. brăngta ingsun tanya malih | mring sira hyun prastawa trang | Islam kapriye têgêse | saklat apa jarwanira | gampang yèn wus têtela | ngong manut mring agamamu | kabèh wong ing Majalêngka ||

2. gêdhe

--- 146 ---

cilik jalu èstri | truna wrêda mangsuk Islam | yèn sun wus priksa dununge | manêmbah radyan dipatya | pradikanirèng Islam | salamêt jarwa rahayu | tan wontên kara punapa ||

3. têgêsnya salat dewaji | jawènipun makna rahmat | inggih sênêng lan parênge | gumujêng narendra tama | mung mêngkono artinya | êndi wong nora rahayu | apa dudu jênêng Islam ||

4. măngka sarupaning urip | mêsthi rahayu ngumurnya | tan ngêmungkên Islam bae | lan malih têgêsing salat | mung sênêng pêparêngan | cok mangkono sutaningsun | dadi sangsaya nglêmpara ||

5. kabèh sêjatining urip | mêsthi ngupa kasênêngan | gêdhe cilik sakmurwate | sugih mêskin sakadarnya | sabab apa de sira | nêmbah salat marang suwung | marêp ngulon ana apa ||

6. apa kulon ênggon Gusti | lah rupane kaya apa | yèn wêruh jarwa jatine | apa bisa wèh widada | tuwin awèh barana | lawan awèh pangan kulup | măngka ngong sawang sun praksa ||

7. wong Islam akèh kang sakit | ingkang pralaya ya kathah | sêdene kang nora darbe | padha nandhang kamlaratan | yèn arsa warêk nêdha [nê...]

--- 147 ---

[...dha] | kudu rosa macul mluku | nora nana bedanira ||

8. lara sêbutnya ngraritih | lailaha hailêllah | yèn durung ilang larane | uga mêksih gêlangsaran | padha bae lan ingwang | si tumraptèng ngarsèngsun[46] | nora mabur têmah kirdha ||

9. dene mungguh para wali | bisa mring Mêkah sadhela | jatine angên-angêne | aja kang Mêkah Madinah | lamun dayaning karsa | bumi pitu langit pitu | sakêdhèp sun bisa ngambah ||

10. rèh tyasmu sadarpa pingging | panyana panyakra tanpa | mêmpêng nganggêp ujar palson | tandhane sira tan bisa | brene bae rêkasa | nganggo nginêp nèng dêlanggung | dene tan mabur kewala ||

11. sira praptèng Majapait | sêmune katara sayah | kêna ngapa dene kowe | nora jaluk marang Allah | tuwin mring rasullolah | bênêre sira wus mlêbu | gama Islam tinulungan ||

12. lan manèh sakèhing wali | padha mubêng tanah Jawa | butas wetan butas kulon | apa sababe tan prapta | mring nagri Majalêngka | ewuh rèh jroning praja gung | kèh bijagsa nawung kridha ||

13. kang titi waskithèng budi | kudu prastawa satmata | têmên goroh mêsthi katon | kene tan kurang yanjana | digbya ati

--- 148 ---

ati nirmala[47] | tamtu palsune kadulu | marma pra wali tan prapta ||

14. seje wong desa kang pinggir | pasisir kulon lor wetan | kèh ati têrbèbès bodho | uripe durung prasaja | ana sulap lyih gila | marma dèn salini masut | agama kang siya-siya ||

15. lan malih daliyêg kaki | tatkalane jaman kuna | Buda nêmbah ring dewane | bumi gung langit wus ana | wulan surya tranggana | gunung-gunung ting janggunuk | sun anggêp gawean dewa ||

16. wangsul sira lan pra wali | nganggêp gaweane Alah | bumi langit isih kiye | yèn mangkono dhisik dewa | thole lan Allahira | dadi Allah iku nunut | nèng kene gumlaring dunya ||

17. kapriye nyawa sirèki | digbya trahing wataradya | rêbêsing madu kinaot | pagene budimu cingkrang | tanpa duga wantara | laju kèlu ila-ilu | Buda desa tanpa sastra ||

18. wêruh lèhmu pating jrêngking | pating dlajig pating krêmbyak | tata barêng marêp ngulon | gumun para Buda desa | seje Buda sarjana | wruh salatmu anggêguyu | mung batin datan kawahya ||

19. kaya lakune wong santri | pamrih kêndhurine kathah | mila nistha [ni...]

--- 149 ---

[...stha] salamine | seje para êmpujangga | mênêng sêmbahing puja | antêng jatine manêkung | nora samar Yyang Triyatra ||

20. Yyang Jagat Pratingkah uning | sadene Suksma Kawêkas | bènèh santri kaya kowe | yèn sêmbahyang pating srakat | ting jrêlih pating krêmbyah | rèh Allahne nora krungu | yèn tan sêru têmah tuna ||

21. santri yu tamèng dumadi | dhasar trahing danisyara | tanpa ingan sêmbahyange | kobênge cipta têtanya | ring rêsi dyijawara | yèn wulange nora rujuk | lan jroning cipta tan arsa ||

22. gêlêm têtakon wong wêgig | nanging nora sah dêduga | wantara jroning batine | marma ewuh wong têtanya | angèl yèn tinakenan | kudu sarjanèng pangawruh | mangkono trahing satriya ||

23. yèn wong santri lir sirèki | gêlêm têtakon wong limpat | nanging tyasmu gawa bodho | barêng dituturi nrima | rèh kowe cilik mula | kumpul lan wong mêndêm kulhu | dadi jaba jêro tanpa ||

24. Allahmu nora nèng jisim | nora dumunung nèng jaba | jroning bumi langit kathong | tansah kok pêpuja asma | dadi mangran suwara | kumandhang kang tanpa wujut | sira puji sabên dina ||

25. dening cêgahing pakarti | kaya ta wong mangan bathang | asu babi [ba...]

--- 150 ---

[...bi] iwak cèlèng | iku dudu cacêgahan | yèn Pangran tar kalilan | mangan cèlèng babi asu | tamtu sirna sangking jagat ||

26. de karame Buda kaki | nora luwih mung klakuan | ingkang tan pantês wong akèh | kaya ta ambêg duskarta | mamèt bandhane liya | ingkang nora srana têmbung | ratu kang wajip midana ||

27. wangsul sira bangêt ngèsthi | rintên ratri munggah syarga | syarga iku ngêndi gone | mara thole duduhêna | ingkang katon satmata | aja mirang-miring ngawur | kuwur anggêpe sarjana ||

28. santri akèh tuna budi | budine nurut carita | kang nora nana yektine | yèn hyun wruh sêmaya benjang | bênêr luput tan wikan | nora luwih sira amung | ring masjit padha sêmbahyang ||

29. salatmu nganggo sêsuci | sarana nganggo ngêngumbah | ring păncadriyamu kabèh | nanging jroning wêtêngira | tai uyuh durung sah | paran pangumbahnya kulup | rarêgêt kang nèng jro badan ||

30. pangakumu maha sukci | kinasihan marang Allah | priye Allah sutrisnane | ênggone bae tan wikan | wujude nora pirsa | jaba dudu jêro dudu | kana kene nora nana ||

31. kowe ngaku dikasihi | gama Islam luwih têrang | kaya priye katrangane | wong mangeran ring kumandhang | êmbuhnya tambuh sunya [su...]

--- 151 ---

[...nya] | seje lawan agamaku | gampang ringkês têrang cêtha ||

32. wong urip tan bisa sukci | rarêgêt kang luwih ganal | kulit daging gêtih basok | têtela rêgêt kiwala | rumakêt barang ala | iya iki raganingsun | nanging kang sukci jro ana ||

33. wujut lanang luwih gaib | barang karsa tantra măngsa | arda mokal budayane | yeka pangrane wong Buda | ringkês dadya samrica | yèn ginêlar jagat kêmput | kèbêkan bumi ngakasa ||

34. măngka sira tan ngawruhi | kang kasêbut Yyang Triyatra | ing jagat tan ana roro | ingkang karya surya căndra | sudama cakrawala | angin laut gunung-gunung | akèh titahing bathara ||

35. tuhu widagda gunasti | sêdya sukartyèng bawana | atas săngka kawulane | manuksmèng widi widada | dadya Gusti kawula | tur mêngku antaya mangun | bawa mijang păncadriya ||

36. sulaya lan băngsa santri | pangerane nama Allah | kang nora jaba nora jro | jroning bumi kasa sonya | kang kacakrèng wardaya | mênêng dudu mosik dudu | yah êndi sun hyun prastawa ||

37. umatur radyan dipati | adhuh dewajining jagat | kawula dèrèng wêspaos | rèhning pêmacuh pêpacak | manuksma karam mutlak | sintên kang nêdya wruh kuwur | makatên cêgahing sarak ||

--- 152 ---

38. botên langkung siyang ratri | mung kinèn makbut manêmbah | junjung Allah kamulyane | kinawasèng jagat raya | pinuji pujyèng asma | nanging musamanira mbuh | lêrês sabda dalêm rama ||

39. wong Islam mangeran sêpi | mangku cipta supayana | ana tan kacakrèng jêro | myang jaba ing pundi tanpa | kilap guru kawula | wali songa kang wus mashur | imam bijagsa ing Jawa ||

40. kang sayugya dèn tut wuri | wêwarah mirit manêmbah | mèstukara pakartine | narik Slam agama mulya | mahyèng basamba tămpa | pituduh sapakon mèstu | miturut agama toma ||

41. mênggah nyataning sipating | kula mêksih kakirangan | wantawis amba ing têmbe | winruhkên wujut dad mutlak | kang tanpa ngalam sabab | dunung sasananing rabul | kang tansah kacakrabawa ||

42. mèsêm ngandika nêrpati | o lah sutaningsun nyawa | dene bodho têmên kowe | salin gama nora pana | buda-budimu sirna | paran mangayu kayungyun | wong nêmbah sonya nglêmpara ||

43. wis mangkono bae kaki | coba kabèh wali sanga | ngong puriha babarake | lambang cangkrimaning Buda | cacah limang prakara | yèn sayêkti bisa ngêcup | lagya padha kawruh Buda ||

24. Sinom

1. mangkono sabdèng sri nata | sawiji kinèn ngêcupi | pangumbahing păncadrida [pănca...]

--- 153 ---

[...drida][48] | sêka banyu ingkang ngêndi | wangsul sucining budi | banyu apa sing go masuh | lamun jatining Buda | budi rarêgêding bumi | badan wadhag bêrsih sukci tela-tela ||

2. yèn rêgêt rumakêt ăngga | rèh mituhu dhawuh ati | priksanên jroning panjara | pirang-pirang para maling | pinidan nèng narpati | siksa katrap saka kukum | awit prentahing manah | badan mung darma nglakoni | lah kapriye pangumbahnya ati ala ||

3. mabarang klakuaning wran | juti duskêrtatyèng bumi | atas dhawuhing wardaya | dene kok badan sinuci | bênêre kyai budi | kang winasuh srana sabun | wangsul santri drubiksa | mung badane dèn paèsi | bêbengesan supaya wêruh ing liyan ||

4. kang kaping pindho cangkriman | aturêna mring pra wali | wong Buda kawak kumawak | tur kang durjanambêg juti | yèn nedra lawan wali | yêkti padha bae nglêmpus | sirna budayèng akal | ngorok sêngguran tanpeling | nadyan naranata lan pangayah padha ||

5. ilang kanarendranira | sêdene garwatma rukmi | barana mayuta sirna | luwih manèh jiwangga nis | tan kakung datan èstri | sanadyan pangeran suwung | lah iku sabab apa | ngèlmu pirang-pirang gusis | aturêna mring gurumu walisonga [wali...]

--- 154 ---

[...songa] ||

6. cangkriman kang kaping tiga | wong manêmbah mring Yyang Widi | kaya ta salat sêmbahyang | sabên Jumuwah ring masjit | luwih manèh yèn ari | rina wêngi limang wêktu | dhikiran papujian | iku sapa ingkang tampi | yèn katampan kapriye panrimanira ||

7. kang kamping[49] catur pralambang | kabèh manungsa kang urip | ana wujut jêro jaba | kang jro dèn wastani budi | angên-angên lan ati | kêlamun manungsa layu | budinya apa lunga | manawa ngendra mring ngêndi | jroning badan ana ngêndi pêrnahira ||

8. sipat wujutnya lir paran | de yèn urip lintang yêkti | gunarda barang nglêngkara | barêng ocat dadi jisim | badan bosok wor bumi | ana jisim kang katunu | mring ngêndi paranira | ngong pêsthèkkên para wali | kang sayugya abatang iki sasmit[50] ||

9. cangkriman kang kaping lima | kabèh salire agami | Cina Wlanda Buda Islam | atuk gêganjaran ngakir | suwarga nraka manggih | kaduwe klakuan bagus | yèn ala atuk siksa | yèn yêkti atuk syarga di | wangsul badan kèri sapa ingkang tămpa ||

10. raga bosok wor pratala | lah sapa ingkang nampani | kêlaran lan kanikmatan | apa ta rahsa kanang nis | tămpa ganjaran ngakir | mangka rahsa sipat kudus | mèstu rèh badan wadhag | kanut susawaning [susawa...]

--- 155 ---

[...ning] jisim | Natapraja matur ring rama sandika ||

11. manawi parêng karsendra | amba nuwun mundur sangking | ngarsa dalêm sri bathara | yun marang Dêmak sêmangkin | ambawani pra santri | kang sampun klajêng mituhu | ing rèh agami Islam | sa pamasa wus ngidèni | sigra mundur lawan Ki Gêtaspandhawa ||

12. datan dangu anèng marga | karweka sampun lêstari | Narapraja ing Bintara | ingkang sangking Majapait | mundhi lambang narpati | cangkriman badhe kaatur | mring jêng wali sasonga | kapanujon para wali | myang ngulama kang sami bakda jêmaat ||

13. lênggah nèng srambi satata | tumulya radyan dipati | matur Jêng Sèh Maolana | lan para kutup sakalir | sang dipati turnya ris | kawulu[51] sampun mituhu | sowan mring Majalêngka | jumujug jêng rama aji | amba turi umanjing agama Islam ||

14. rèh sampun kathah tyang Buda | kang ngalap malbèng agami | Islam manut rasullolah | sri narendra mèsêm sarwi | ngandika arum manis | sarta angsung suka sokur | ananging kang sarira | nata sadarpa tan apti | rèh lakuning agama taknê pinêksa ||

15. mangkana sabdèng sang nata | sawiji kinèn ngêcupi | pangumbahing păncadriya | săngka banyu ingkang ngêndi | wangsul sucining budi | banyu apa sing go masuh | lamun jatining Buda | budi rarêgêding bumi |

--- 156 ---

badan wadhag bêrsih suci tela-tela ||

16. yèn sagêt rumakêt angga | rèh mituhu dhawuh ati | priksanên jroning panjara | pira-pira para maling | pinidanèng narpati | siksa katrap săngka kukum | awi prentahing manah | badan mung darma nglakoni | lah kapriye pangumbahing ati ala ||

17. mabarang klakuaning wran | juti duskêrtartèng bumi | atas dhawuhing wardaya | dene kok badan sinuci | bênêre kyai budi | kang winasuh srana sabun | wangsul santri drubiksa | mung badane dèn paèsi | bêbengesan supaya kawruh ing layan[52] ||

18. kang kaping pindho cangkriman | aturêna para wali | wong Buda kawak-kumawak | tur kang durjonambêg juti | yèn nedra lawan wali | yêkti padha bae nglêmpus | sirna budayèng akal | ngorok sêngguran tanpeling | nadyan para nata lan pangayah padha ||

19. ilang kanaredranira | sêdene garwatma rukmi | barana mayuta sirna | luwih manèh jiwangga nis | tan kakung datan èstri | sanadyan pangeran suwung | lah iku sabab apa | ngèlmu pira-pira gusis | aturêna mring gurumu wali sanga ||

20. cangkriman kang kaping tiga | wong manêmbah ring Yyang Widi | kaya ta salat sêmbahyang | sabên Jumuwah ring mamasjit [ma...]

--- 157 ---

[...masjit][53] | luwih manèh yèn ari | rina wêngi limang wêktu | dikiran papujian | iku sapa ingkang tampi | yèn katampan kapriye manrimanira ||

21. kang kaping catur pralambang | kabèh manungsa kang urip | ana wujut jêro jaba | kang jro dèn wastani budi | angên-angên myang ati | kalamun manungsa layu | budi apa ta lunga | manawa ngendra mring ngêndi | jroning badan ana ngêndi pêrnahira ||

22. sipat wujutnya lir paran | de yèn urip klintang yêkti | gunarda barang nglêngkara | barêng ocat dadi jisim | badan bosok wor bumi | ana jisim kang katunu | ring ngendi paranira | ngong pêsthèkkên para wali | kang sayugya abatang iki sasmita ||

23. cangkriman kang kaping lima | kabèh saliring agami | Cina Wlănda Buda Islam | atuk gêganjaran ngakir | suwarga nraka manggih | kaduwe klakuan bagus | yèn ala atuk sigsa | yèn yukti atuk syarga di | wangsul badan kèri sapa ingkang tămpa ||

24. raga bosok wor pratala | lah sapa ingkang nampani | kalaran myang kanikmatan | apa ta rahsa kanang nis | tămpa ganjaran ngakir | măngka rahsa sipat kudus | mèstu rèh badan wadhag | kanut suhsawaning jisim | Natapraja matur ing rama sandika ||

25. lajêng mundhut priksa kula | patrap manembah lan puji | amba umatur prasaja | lyir jarwanya kitap sitin | pêpathokaning [pêpatho...]

--- 158 ---

[...kaning] gami | narendra tansah gumuyu | kagalih kirang têrang | rèh panganggêp mirang-miring | asma Allah botên jêro botên jaba ||

26. mboya kăntha mboya warna | lajêng nata sung sajarwi | silane agami Buda | ingkang sampu[54] dèn lampahi | wit kina praptèng mangkin | mila panganggêpnya kukuh | dupyamba kandhap cêtha | kawula kagalih pingging | awusana paring lambang gangsal warna ||

27. kinèn ngêcup wali sanga | lamun bangkit narbukani | sasminta gangsal punika | mêksih sami lan sang aji | nulya Jêng Sunan Kali | angandika manis arum | hèh jêbèng lairêna | pra wali kabèh mênawi | ana ingkang wignya narbuka cangkriman ||

28. pra wali guyup abuka | sigra rahadyan dipati | matur makatên kang lambang | bab sajuga wong sêsuci | mèt srana banyu mili | păncadriya kang winasuh | wangsul pangumbah manah | toya punapa kinardi | măngka jroning janma rêrêgêt kiwala ||

29. bab kaping kalih cangkriman | kinèn nrangkên kang patitis | Buda Islam lamun nedra | sami ugi mboya eling | sêdene para wali | kêlamun sare ngalêmpus | tan beda jalma kopra | luwih manèh narapati | yèn manedra padha lawan narakarya ||

30. rajabrana botên wikan | garwa putra boya uning [u...]

--- 159 ---

[...ning] | sêdene ăngga priyăngga | datan kakung tan pawèstri | kinèn jawab kang muksis | sabab punapa puniku | ingrèh dayaning nedra | sirna ngakalnya wong urip | ngèlmu-ngèlmu subrastha datanpa sisya ||

31. pasal cangkriman tri warna | wong manêmbah siyang ratri | salat sêmbahyang mêmuja | sintên ingkang anampèni | lêrês lêpating puji | nyang katrima botênipun | kadospundi têgêsnya | de wontên sajroning masjit | lah punapa Allah nèng ngriku gènira ||

32. pasal kang kaping sêkawan | sajroning manungsa urip | sipat kêkalih jro jaba | kados angên-angên budi | kalamun têmbe mati | dhatêng pundi kesahipun | rèh badan dadya kisma | mokal yèn dumunung jisim | punapa ta malbèng jagat malbèng kasa ||

33. cangkriman kang kaping gangsal | sadaya atas agami | Cina Wlănda Buda Islam | ginatungan nraka syargi | ngakir sintên kang tampi | rèh badan wadhah[55] wus lêbur | bosok dadya pratala | punapa rahsa ingkang nis | rèhning rahsa sipat anyar mêsthi sirna ||

34. mung makatên rama nata | karsanya kinèn ngêcupi | gumyak sagung wali songa | kodhênging cipta sayêkti | jêntung ngungun ing galih | wahyèng cangkriman manglangut | nyiptardak[56] tan [ta...]

--- 160 ---

[...n] kawawa | kanang pralambang nguculi | tri padurat mênêng mosik kang wardaya ||

35. ngandika Sèh Maulana | hèh wruhanta sang dipati | cangkriman limang prakara | kang wus katur para wali | ewuh yèn dèn uculi | sênadyan kabuka sun cul | tarêcêp kang kacakan | nanging ramanta tan apti | manjing Islam têmah Budane tan ilang ||

36. tur ngrusak masjit ing Dêmak | kang wus blantu para wali | sênadyan dadya warana | ing khakekat kang kakiki | kanjêng sri narapati | mundhut pababaring sintru | sayêkti nora kêna | sun uga saguh ngêcupi | nanging lamun kêrsa manjing gami Islam ||

37. yèn tan arsa paran karya | klorehan têmah dêrmimil | wahyèng wuwus tanpa guna | cangkrimane rare alit | sayêkti dudu wali | pralambang mangkono bingung | yèn wali ulul ngèlma | gunardika ngatas kawrin | mboya ewuh pabatang pabekasira ||

38. larabe agama Buda | kang mangsup kamulyan pati | kongsi trus marang wêkasan | wali sayêkti mangêrti | anggulung-gulung gilig | anjèrèng mangungkut putus | tatas pangudi pana | pramanêm urip prapati | wus pratignya cukup paraning pralaya ||

39. ing kana kene wus kêna | anggulung gêlaring bumi | sonya ana datan samar | pabudining rahsa [rah...]

--- 161 ---

[...sa] jati | kumpul pêncarnya ugi | pabuwang pangukut jumbuh | tanbuh gusti kawula | pramana gusti lan abdi | wahyèng budi manjing pramona nirmala ||

40. srengat tarekat makripat | kakekate dèn lakoni | wali yu tamèng sasama | ngungkuli janma kang lêwih | de ngadêgakên masjit | ing Dêmak kinarya sintru | wong nêmbah marang Allah | sarana asma nyukupi | wong tan nêmbah marang Allah tan dadya pa ||

41. cangkrimane ramanira | tangkon[57] pangumbahing budi | lah ta iku luwih gampang | pamasuhnya padha budi | nora sarana warih | banyu budi wastanipun | de têtanya wong Buda | lan wong Islam lamun guling | padha bae ramanta takon sababnya ||

42. iku jaman panglêburan | kêna dèn arani pati | dudu jamaning agama | padha bae lawan aji | kabèh kawruh sajati | panggonane durung wêruh | babe kang ngajak nedra | sadurunge wus kaèksi | iya iku bedane wali lan Buda ||

43. pambatang cangkriman tiga | wran salat sapa kang tampi | jêbèng ingkang akon salat | puniku ingkang nampani | nora katrima uwis | kêtrima săngka kang dhawuh | pasêmon kang kaping pat | lungane ngên-angên budi | iya marang sangkane têka ing kona ||

44. ping lima patakon nata | ganjaran nraka sawargi [sawar...]

--- 162 ---

[...gi] | sapa ingkang bakal tămpa | nora luwih ingkang kardi | ananing nraka syargi | awit sangking ciptèng kalbu | ati kang tămpa siksa | suwarga bakal namani | syarga nraka săngka ananing agama ||

25. Pangkur

1. pangkur hèh radyan dipatya | puluh-puluh wus karsaning Suksma Di | ramanta ingkêng sinuwun | tan arsa manjing Islam | mung kinarya pêpeka jatine mingkuh | maksih kêkah nama Buda | kang arda manêmbah budi ||

2. budi dan anggêp Hyang Sukma | ingkang mêksih suka bungah prihatin | tur kênèng edan lan bingung | lali turu wajibnya | yèn wong Buda ingaran Bêthara Guru | sejene lan gama Islam | wis nrang moha ki dipati ||

3. dene patakèning nata | limang pasal wis nora diwangsuli | umatur mring Majalangu | nêngna ganti cinitra | Sang Dipati Wilatikta sampun layu | Supa gumanti wibawa | nèng Tuban têtêp mandhiri ||

4. wuwusên pinurwèng gita | kadya sarêng gancaring Majapait | warnanên ingkang sinuwun | tampi sasmitèng dewa | mawantara nèng dirgantara manguwuh | hèh nata ing Majalêngka | yèn sira arsa basuki ||

5. sagotrah garwa sutanta | ngupoyoa srana sarat kang bêcik | kêris siji dhapur sèwu | tamtu trahira benjang | datan pêgat manêkêm tanah Jawa gung | sangking katga dhapur sasra |

--- 163 ---

dadya pusakèng narpati ||

6. kèndêl syaraning wirayat | sri narendra sru mangungun ing galih | samana wanci wus surub | ratri kagagas-gagas | enjing nuju ing dina Suma sang prabu | nèng bale sanaparasdya | pêpak pra punggawa nangkil ||

7. Kyana Patih Gajahmada | pra bupati arya panèwu mantri | narapraja naradhusun | nata dhawuh byawara | sapa bisa karya kêris dhapur sèwu | kang cocok ing sêsmitèng Yyang | sun ganjar lungguh bopati ||

8. pandhe kriya wuru rukma | kartahita samahita praja di | tanuhita lan pra buyut | cantrik cèkèl puthutan | nadyan ambêt-ambêt ubon-ubon gunung | bisa karya kris sajuga | kang dhapur sasra atuk sih ||

9. sadaya kanang sumewa | botên wontên sajuga nyandikani | dangu antaraning dhawuh | narendra marudasta | wadananing êmpu kêkalih tumênggung | Supagati Supadriya | dinuking nayana tampi ||

10. marêk byantara wor kisma | manrah griwa pagasing lungaya di | mangkana adika prabu | yya maras tyas sumêlang | sira karo mahyota midrawèng lêmbur | pandhe-pandhe klupukêna | sapa kang yugya nampuni ||

11. kêris siji dhapur sasra | munjuk nuwun sandika mèstu karsi | awit wus kalilan laju | sang nata gya bubaran | kawarnaa ki tumênggung jajah [jaja...]

--- 164 ---

[...h] dhusun | Supagati ngidul ngetan | Supadriya ngulon prapti ||

12. ajujug wismaning putra | kitha Tuban yun panggih kanang siwi | Ki Supa pinuju suwung | wus sawarsa mangendra | mèstu kanjêng sun ing sapurugipun[58] | Ki Supadriya mung panggya | ring wayah Ki Supasiwi ||

13. Ki Nom têngran sangking uwa | wali lêwih jajuluk Sunan Kali | Ki Supadriya Tumênggung | sadarpa tyasnya cuwa | sang tênaya kang katuju têmah suwung | bagya mung panggih si waya | Kyai Nom samya basuki ||

14. Ki Nom sawusing jinarwa | yèn ingkang mbah Majapait têtuwi | Ki Supadriya Tumênggung | Ki Nom ngrangkul sakala | sarwi muwu mbah mring ngêndi kirdhamu[59] | panyakramba na sukarya | karsaning nata wigati ||

15. kang mbah kagyat wruh wicara- | ning si waya yayah manarik galih | bênêr pangiranta kulup | sun dinutèng narendra | kinèn ngupa pandhe wêsi ingkang baut | karya katga dhapur sasra | natarsa ganjar lêlinggih ||

16. Kyai Nom tanggap ing sabda | ingsun saguh unjukna sri bopati | kêris siji dhapur sèwu | ngungun Ki Supadriya | ciptaning tyas apa dewa nuksmèng tutuk | lah payo gèr ingsun gawa | sowan jêng sri narapati ||

17. tandya pamit ibonira | wus kaparêng rèh tanpa sumlang galih | dene ta kang mbah ingênut | tandya bidhal saksana | datan lami ing Majapait hyun rawuh | jlog sing kuda malbèng wisma | enjing sumaos narpati [narpa...]

--- 165 ---

[...ti] ||

18. Ki Supagati wus prapta | ugi seba nanging tan atuk kardi | de Supadriya Tumênggung | gya munjuk jêng pamasa | cabar tiwas lampah kawula sang prabu | yun panggih di dalêm Supa | ing Tuban wisnya sêpi[60] ||

19. kesahnya sampun sawarsa | botên têrang ingkang sinadyèng galih | namung sutanira jalu | Ki Nom panêngranira | sing padugi lagya ngumur sanga taun | lancang ngamadakèng sêbda | kilap dora kilap yêkti ||

20. nyagahi kawêkèn amba | kadya dede wicantênnya pribadi | manawi dewa sumusup | Ki Nom sumagah karsa | karsèng nata katga juga dhapur sèwu | punika ponang kunthara | Aji Dipa gêdhêg mèksi ||

21. hèh sira anake Supa | aran Ki Nom kang saguh gawe kêris | wujut siji dhapur sèwu | Ki Nom umatur iya | nanging lamun sun ingkang wiyasa dhuwung | tan bangkit yèn anèng dharat | ngong jaluk malbèng jêladri ||

22. rèh kris kang mêngkono lăngka | kaya priye gon ingsun nêpa mirip | kudu munajat Yyang Agung | ngêningkên cipta maya | mlêng sukarsa sang nata umyarsa ngungun | hèh Ki Nom sun sarah sira | gya ngandika marang patih ||

23. ngong mundhut bopati papat | sak mantrine panêkar anuguri | mring Ki Nom kang wus sumaguh | karya kris nèng samodra | utarane kitha Garêsik mêmatut | waja wêsi pêpilihan |

--- 166 ---

pamor-pamor glis rumati ||

24. bidhal tantara ing marga | praptèng Gêrsik têpining jalanidi | gêgisik tuguran umyung | Ki Nom manyandhak waja | wêsi pamor binêkta lumêbèng ranu | dangu ing antaranira | nanghênta[61] ingkang kawarni ||

25. kadi sarêng lêlampahan | Kyai Supa kang antuk wisudhèng sih | sampeyan dalêm sinuwun | Siyunglangut[62] Blambangan | Kyai Pitrang derandhap kang wus kajunjung | jêjuluk Pangeran Sêndhang | Sidayu wus kocap nguni ||

26. sadangune jumnêng pangran | nèng Sidayu tansah dènnya karya kris | mawa ganjaran mas catur | rinênggèng kara patra | anocoki kang sarira atuk payung | ginajar asma pangeran | marma karya kris rinukmi ||

27. anèng Sidayu wus lama | datan ketang wiryaning widaya di | èngêt kris kang nèng jro ranu | Kyagêng Sangklat pusaka | sru kumêlap jro driya gragap kumêpyur | mila kang kris tangguh sêndhang | kêlap lintah gănjanèki ||

28. yèn Sidayu pamor ngêbat | rèh sumba bang pamornya Supa eling | Kyai Sangklat ingkang dèn kum | kêrasa ngraras driya | tur katuju garwa bobot pitung tèngsu | adrêng wit parbawèng katga | pangeran pamit ring syami ||

29. ingimur pinriyêmbada | manuhara wahyaning ling rum manis | dhuh yayi papujaningsun | kang tuhu sêtyèng priya | yèn kaparêng kita manira yun mantuk |

--- 167 ---

têtuwi atmajanira | mboya suwe nuli bali ||

30. amung wêlingku mring sira | lamun atuk idining dewa luwih | yèn mahya tutanta[63] besuk | basukyarja widadada[64] | lamun priya yayi sun wèhi jajuluk | Jaka Sura ngong têtinggal | kalih dasa calon kêris ||

31. dene yèn èstri kang jabang | sakarsanta dènira sung kêkasih | sampun tampi wêlingipun | wanci surup yyang arka | sang pangeran pribadi sangking Sidayu | bidhal ciptaning wardaya | yun mring Blambangan ngampiri ||

32. kyagêng pusakaning jagat | sêsingidan tan watên janma uning | praptèng narmada salulup | jêng kyai wus kapanggya | gya binutêl ing upih kinarya kalung | wus lêpas kirdhanya prapta | Surabaya mirêng warti ||

33. ana pandhe mingsih bocah | aran Ki Nom pandhe madyèng jêladri | wus sapta ri durung mêtu | pra bopati tuguran | Pangran Sêndhang kagyat manggraitèng kalbu | yun uning yakining kabar | warnanên Jêng Sunan Kali ||

34. kang titi waskithèng lêmbat | wruh pulunan Ki Nom nandhang prihatin | karya kris nèng madyèng laut | pandhe ububan grana | kang kinarya palu sikut paron dhêngkul | pamor wêsi waja musna | kapalu sikut sirna ting ||

35. wisi[65] waja tanpa sisya | nyandhak pusa amilih-milih gusis | kalah kuwat lawan dhêngkul | Ki Nom kawêkèn driya | awit sangking tan dadya budayanipun |

--- 168 ---

gya Jêng Sunan Kalijaga | malbèng samodra yun panggih ||

36. tan na sajuga wong wikan | dupi prapta dhasar samodra jawil | ring plunan ngandika arum | hèh Ki Nom paranbaya | nèng samodra apa karyanya sutèngsun | Kyai Nom sajar prasaja | purwa madya wusananting ||

37. ngandika Sinuwun Jaga | wruhanamu kartinta boya dadi | wêsi jaga sirna larut | wus pira-pira brastha | kalah digbya kalawan sikut jêngkumu | coba sun paringi tosan | asal saka insan kamil ||

38. lah nya iki calonana | de polane mêngko kulup sun ngambil | sunan mêsat plas tan kadlu | panggya lan Pangran Sêndhang | ingkang lagya wisata nulya kapêthuk | lan Sinuwun Kalijaga | Pangran Sêndhang angabêkti ||

39. rum ngandika Jêng Malaya | hèh Ki Supa kita sung wruh kakiki | atmanta Ki Nom kumêthus | saguh mring Brawijaya | karya kêris siji ingkang dhapur sèwu | kinarya srana prajarja | wêkasane tanpa dadi ||

40. wêsi pira-pira sirna | yèn tan ingsun tulungi paran marmi | tur isin mahyaning saguh | ingsun mau wus panggya | sun tinggali wêsi săngka papujanku | êndi Jêng Kyai Sangkêlat | supaya dèn irib-irip ||

41. nulya ge sira muliha | aja dadak sira mampir mring

--- 169 ---

Gêrsik | nyidhata kene mangidul | Pangran Sêndhang sandika | Kyai Sangklat wus ingasta Si Sinuwun | Kalijaga sigra-sigra | kabêkta manjing udadi ||

42. panggih malih lan pulunan | kalêrêsan Ki Nom lagi nyaloni | sunan nêbda iki kulup | karyanên têpa tladha | dêdêgira agêng têlulas ingkang luk | nanging pasangana naga | sangking sosoran trus nginggil ||

43. yeka aran nagasasra | pradikane naga taksaka mandi | basa sasra jarwa sèwu | dadi katga sajuga | dhapur sèwu iya iki warnanipun | tantara dangu sêmana | nagasasra sampun dadi ||

44. wantu dadya gara-gara | sagara rob panas kèh iwak mati | sakèhing bupati tugur | myang sujanma sadaya | ingkang lumyat samya kagyat gêtun ngungun | prabawarda mawa wisa | sining samodra kèh lalis ||

45. Jêng Sunan Kali ngandika | hèh Ki Ênom rèhning kêris wus dadi | nuli mahyoa dèn gupuh | yya pisan pajar-pajar | lamun panggih ring kita nèng jroning ranu | Ki Nom umatur iya wa | tandya mêntas sangking warih ||

46. asta ngacung nyêpêng katga | surak gumruh bupati riya mantri | samana curiga sampun | winadhahan gêndhaga | sigra bubar bupati mantri gumrudug | marang nagri Majalêngka [Majalêng...]

--- 170 ---

[...ka] | datan kawarna nèng margi ||

26. Mêgatruh

1. praptèng praja Wilatigta gya cumundhuk | byantarenirèng narpati | Ki Nom nyandhak gêndhaga wus | pribadi sarwa sinunggi | munggèng ngarsaning sang katong ||

2. gya ingasta gêndhaga binuka sampun | curiga liking-liling[66] | nata umaksarda ngungun | rêspati pelag nyênêngi | prabu dèrèng nate tumon ||

3. a la gène warnaning kris luwih bagus | jêng pamasa wali-wali | dangu Ki Nom dera atuk | karya karananing dadi | Ki Nom gèdhèk sarwi joto ||

4. tan umatur minggu kewala tumukul | tandya jêng sri narapati | mundhut priksa pra tumênggung | sêkawan kang samya jagi | ing patrapira Supanom ||

5. pra bupati tur piksa têrang têrus[67] | purwa madya wusananting | tuwin robing ponang laut | sebak wedang mina mati | tansah gagêtun sang katong ||

6. ancasing tyas sri narendra yun manayuh | ring sanggar pamlêngan ngèsthi | ngaturkên kris dhapur sèwu | mring dewa kang paring wangsit | tandya narendra ngêdhaton ||

7. mung sasmita wus bênêr ingku[68] sang prabu | kang dadi srananing bumi | kêris siji dhapur sèwu | têmbe kagêm pra narpati | ing tanah Jawa mung roro ||

8. săngka têngên Ki Sangkêlat wastanipun | kering Nagasasra [Nagasa...]

--- 171---

[...sra] iki | julukana sakarsamu | wus nir syaraning dewa di | sang nata tumêrah alon ||

9. dupyantara prapta ri Suma sang pabu[69] | karsendra miyos tinangkil | biyada lagsma gumrudug | nèng sanaparasdya rukmi | patih punggawa sumaos ||

10. pêpak andhèr kadi ngadad lênggahipun | sang nata ngandika aris | patih wratakna dhawuhku | praja desa wana ardi | yèn ing mêngko karsaningong ||

11. wus têtela iki kris kang dhapur sèwu | ing mangke ingsun asmani | Ki Sagarawedang mungguh | awit prabawaning kêris | mahya wedang sagara rob ||

12. jarwèng dewa Nagasasra dhapuripun | lawan malih karsa mami | Ki Nom sun wisudhèng lungguh | karilan pangkat dipati | ing guling mandhirèng kono ||

13. sun paringi triman wanudya atmèngsun | sandika kiyai patih | gya ingundhangakên sampun | warata satanah Jawi | nata kondur angêdhaton ||

14. kanjêng ratu tandya rawati wus mêthuk | nèng wiwara măndragini | nahên patih pra tumênggung | bubar ingaturan mampir | marang kapatihan ngaso ||

15. yun anggusthi bawah mantu dalêm prabu | tata pranatan wus dadi | panggihnya datan cinatur | samana rêkyana patih | mancal donya praptèng layon ||

16. tanpa sakit jêjalaran wit [wi...]

--- 172 ---

[...t] wus sêpuh | pandoning dewa tan gingsir | sang nata sadarpa ngungun | samana karsaning aji | nimbang patih kang gumantos ||

17. ciptèng nata tan ana ingkang panuju | munah ingêring nagari | kajawi sajuga amung | Tumênggung Daha Kadhiri | digbyambêg lukita kaot ||

18. duk samana tinimbalan wus cumundhuk | tampi dhawuhing narpati | winisudha dadya wêngku | warăngka pangkat dipati | nêdhêng dhasar prawira nom ||

19. wus lêstari dhawuh pangandika prabu | kalilan laju nggrênggani | matah ingêring karatun | laju têntrêm tata titi | ruwêt rusuh cipta bolong ||

20. kawarnaa Jêng Sun Kali tyasnyemut[70] | dènira kanggenan Kyai | Sangkêlat pusakèng ratu | ing kalbu ngraos tan wajip | tindak ring Dêmak yun panggoh ||

21. lawan Radyan Dipati Bintara pangguh | jêng sunan ngandika aris | hèh jêbèng wêruhanamu | iki kris pusakèng bumi | ing têmbe papundhèn kraton ||

22. kang bawani bawana ing buwana gung | wahyèng wahyu kobra yakin | murwani Dêmak Sang Prabu | jêng radyan dipati tampi | sandika dadya pasêmon ||

23. wusnya sinung jêng sun pamitan sampun[71] | karsa mlaya jajah bumi | sangking Dêmak ngulon ngidul | gantya kang pinurwèng kawi | tanah Baglèn ana uwong ||

24. taniyuta Cakrajaya wastanipun | dhukuh Bêdhug wetan kali | Bagawănta [Ba...]

--- 173 ---

[...gawănta] pêrnahipun | pangupakartining urip | dèrès klapa sarwi sêndhon ||

25. wa pujian iya ora wuwusipun | mènèk midhun ora lali | iya ora sêbutipun | godhog kilang sru dêrmimil | iya ora tanpa pêdhot ||

26. lamènira wêntawis rongpuluh taun | rèrèn yèn turu lan bukti | saliyane bukti turu | datan kandhêg siyang ratri | warnanên wali kinaot ||

27. Sunan Kali ingkang midêr jajah gunung | manjing jurang têrjung sungil | kèh kalèn kalit[72] tinurut | praptèng dhukuh Kêdhu mèksi | anèng janma dèrès elok ||

28. sru ngandika hèh janma sapa aranmu | de sadarpa ambêk tèki | munggah mudhun gawa bunbung | sun lumyat dèrès sirèki | kang tinanya matur alon ||

29. hèh kisanak dika têtanya maring sun | Cakrajaya têngran mami | pakarya pangupa idhup | dèrès klapa sontên enjing | siyang nadur tanêm tuwoh ||

30. kèndêl muwus iya ora pujènipun | jêng sunan ngandika aris | kisanak pujimu klèru | mbok coba nuruta mami | Alah Allah aja pêdhot ||

31. tandya mèstu Cakrajaya pujènipun | anut wulangnya Jêng Kali | Alah Alah datan katun | dupyantara pitung ari | kabuling pamuji kaot ||

32. dènnya nitis gula dadya rukma mancur | slawe tanggêp[73] kagyat mèksi [mè…]

--- 174 ---

[...ksi] | Cakrajaya arda ngungun | kabèh gula dadya rukmi | apa ucapku kang mados ||

33. ana ngêndi wonge kang awèh pitutur | sun ngupayane yèn panggih | saparane ngong hyun mèstu | sakala pangkat ngupadi | nèng pagêr wetan kapêrgok ||

34. Sunan Kali nguntara tan nolèh pungkur | Cakrajaya nguwuh jêlih | marudasta muwus sêru | kisanak dika andhêgi | sunan rèrèn janma dhodhok ||

35. sarwi matur sanak kawularsa tumut | sapurug dika mêkathik | rèh sadarpa yun kapecut | andika mulang duk nguni | muni Allah nora pêdhot ||

36. rintên dalu Allah Allah gèn ngong muwus | kula tutug sabta ari | kagyat amba klangkung jumbul | gêndhis samya dados rukmi | sêlawe tangkêp mancorong ||

37. kamigilan kawulemut kang sung tutur | kang karya gumlaring bumi | gya ngupadosi panuju | dika panggih wontên ngriki | sintên asmanta sayêktos ||

38. pundi wisma andika ingkang satuhu | kula nêdya mèstu karsi | jêng sunan ngandika arum | sira tanya aran mami | Sunan Mlaya de wismèngong ||

39. tanah Dêmak sêdyèngsun brene yun têmu | calon wali arda pingging | arsa kabuka tuk wahyu | mangke sirarsa mêkathik | tumutur sakredhaningong ||

40. nora kêna wit durung gêntur tapamu | apa kowe glêm

--- 175 ---

sêmadi | nglakonana tapa turu | yèn nyata têmên sirèki | anèng gunung ngrêngga kono ||

 


Kurang satu suku kata: wusnya mentar nèng wana lajêng sun panggih. (kembali)
Kurang satu suku kata: awit bêrkahing sabda. (kembali)
Widi. (kembali)
Kurang dua suku kata: kanjêng sunan nabda hèh Supa sirabti. (kembali)
Kurang satu suku kata: Jêng Sunan Kali ladène. (kembali)
griwamba. (kembali)
Kurang satu suku kata: pagene marêk jalma amêrang. (kembali)
Kurang satu suku kata: sangking sabdèng wali linêwih. (kembali)
Sunan (dan di tempat lain). (kembali)
10 Tanggal: lawang trus gunaning jalma (S 1399). Tahun Masehi: 1477–8. (kembali)
11 ăngka (dan di tempat lain). (kembali)
12 Kurang satu suku kata: ucapên pra wali kabèh. (kembali)
13 iyèku. (kembali)
14 Kyahgêng. (kembali)
15 silih-ungkih. (kembali)
16 nêdya. (kembali)
17 Lebih satu suku kata: nèng pamêngkraning dipatya. (kembali)
18 Kurang dua suku kata: nulya ana panggandan. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: tha pusakaning sajagat. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: jăngka wahyaning kang dhuwung. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: jêng kyai sampun sinangklit. (kembali)
22 uluguntung. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: hèh rêngên kabèh myang ingsun. (kembali)
24 Lebih dua suku kata: wusnya rampung ajat dalêm barkat dinum. (kembali)
25 kênèng. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: Ki Supa kagyat gya ngosya. (kembali)
27 Kurang satu suku kata: nênggak waspa sinamun sruwa misih. (kembali)
28 Kurang satu suku kata: salin têngran Kyai Tapan. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: tandya ginosok ing wungkal. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: sowan ring Bêsalèn mampir. (kembali)
31 linêwih. (kembali)
32 kagyat. (kembali)
33 Lebih satu suku kata: maniranggo padinan. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: nguni kadika ladalah. (kembali)
35 ngandika. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: pan wus tinindhihan sela. (kembali)
37 aprabu. (kembali)
38 Kurang satu suku kata: muruhita rèh agami Islam. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: dene ingkang kasup. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: Gêtaspandhawa tuwa. (kembali)
41 ajêjodhon. (kembali)
42 Kurang dua suku kata: angên-angên bènèh kang atunggal. (kembali)
43 Lebih satu suku kata: prasangatiku sira kang salah. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: seje bangsanipun. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: apa nèng jro masjit gone. (kembali)
46 Kurang satu suku kata: sira tumraptèng ngarsèngsun. (kembali)
47 Lebih dua suku kata: digbya ati nirmala. (kembali)
48 păncadriya. (kembali)
49 kaping. (kembali)
50 Kurang satu suku kata, guru lagu seharusnya 12a: kang sayugya abatang iki sasmita. (kembali)
51 kawula. (kembali)
52 liyan. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: sabên Jumuwah ring masjit. (kembali)
54 sampun. (kembali)
55 wadhag. (kembali)
56 nyiptarda. (kembali)
57 takon. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: mèstu kanjêng ingsun ing sapurugipun. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: sarwi muwus mbah maring ngêndi kirdhamu. (kembali)
60 Kurang satu suku kata: ing Tuban wismanya sêpi. (kembali)
61 nahênta. (kembali)
62 Siyunglaut. (kembali)
63 sutanta. (kembali)
64 Lebih satu suku kata: basukyarja widada. (kembali)
65 wêsi. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: curiga kaliling-liling. (kembali)
67 Kurang satu suku kata: pra bupati tur upiksa têrang têrus. (kembali)
68 iku. (kembali)
69 prabu. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: kawarnaa jêng sunan lali tyasnyemut. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: wusnya sinung jêng sunan pamitan sampun. (kembali)
72 alit. (kembali)
73 tangkêp. (kembali)