Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 27–38)

Judul
Sambungan
1. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 16–26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 27–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 39–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 50–66). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

27. Sinom

1. sinom Cakrajaya sigra | nedra nèng madyèng wanadri | Jêng Mlaya plas tan katingal | malaya cakraning bumi | prapta kitha Sumawis | panggêdhuging tanah ngriku | karan Ki Pandhanarang | sadarpa kêskil amêrgil | rintên dalu nambutkarya ngupa arta ||

2. arda gung luwih ardaka | katurutan luwih sugih | nikêlakên picis potang | pèni rajabrana dadi | wastrendah adi-adi | măngka têksih rêmên mikul | angkat junjung ring pasar | cipta kurang dènnya sugih | potang rèntên èntrès dinan têbas blănja ||

3. sêgelo rèntên sêgobang | janma nyambut mêksa mili | yatra ingkang mlêbêt mêdal | sadinane sèwu ringgit | lumyan janma Sêmawis | makatên ing tindakipun | Pandhanarang artanya | datan siwah ing kantor brit | uwang kartas uwang perak uwang rugma ||

4. brana saya ngabra-ămbra[1] | jalyèstri saklangkung mêdhit | kumêt gêmi nurut êmpyak | sêga mambu dèn pe garing | yèn ingundang kêndhuri | kang garwa tan ngratêng sêkul | mangkono tekadira | warnanên Jêng Sunan Kali | nèng Sêmarang mriksa warta klangkung têrang ||

5. ciptèng tyas arsa gêgodha | mring rajaning janma gêmi | jêng sunan nyamurmur [nyamur...]

--- 176 ---

[...mur] sakala[2] | mindha janma tanah ngêrdi | mikul lang-alang garing | ing jro dèn isèni sampun | dhuwit salawe igar | binutêl ron gêdhang garing | age-age jêng sunan ring byantaranya ||

6. Kyai Gedhe Pandhanarang | katuju pinrak pêndhapi | sang pindha umarêk ngleprak | alang-alange sinandhing | kiyai tanya aris | hèh paman alang-alangmu | sapikul rêga pira | kang pindha sumambung angling | gih punika salawe kèthèng arginya ||

7. kagyat kyai e e murah | adate ngatya sêtali | anyakra bodho kang gadhah | enggal-ega[3] dèn dhuwiti | slawe kèthèng wus tampi | kyai tumulya dhêdhawuh | paman lang-alangira | yèn akèh tunggale bêcik | sêsuk esuk têrna sapira sun arsa ||

8. kang namur matur sêndika | mundur lampahnya wus têbih | gya pikulan alang-alang | ingudhar arsa winêlit | kagyat kyai duk mèksi | ana butêlan kadulu | binuka isi arta | slawe kèthèng sukèng galih | i ladalah sasat lang-alang punjungan ||

9. ingsun tuku slawe igar | nêmu slawe kèthèng dhuwit | ganêpa kaping sadasa | mangkene otung sêkali | antara enjing malih | sang pindha wus praptèng ngriku | sarwi bêkta lang-alang | sapikul tan siwah wingi | kyai lagya lênggah sarwi ngunjuk wedang ||

10. miranti pacitan jajan | nêbda mring kang mêntas prapti | hèh paman [pama...]

--- 177---

[...n] mikul apa ta | parêk omahmu ing ngêndi | sang pindha matur aris | ngêrdi Jabalkat wismèngsun | duk wau dalu mangkat | ngong tangguh praptèng ngrikyenjing | kyai manthuk sarwi ngulungi ardana ||

11. slawe igar wus tinampan | sang namur matur ngrarintih | dhuh kyai amba minta wlas | lunturna wahyanirèng sih | kyai kula malarsih | nulya dèn ucali sampun | arta sakêthèng tiba | ing jubin kang pindha angling | boya ngêmis arta dadya panasaran ||

12. yèn kula kapengin brana | boten susah ngêmis-êmis | nyuwun dhatêng Gusti Allah | sakêdhap kiwala sugih | ing pundi-pundi rukmi | mrika-mrika sêsotya gung | sapintên sugyandika | mêksih sugih Maha Sukci | kula macul sagêcokan mas sasingkal ||

13. kyai mirêng kaduk ewa | mring wicarane kang ngêmis | lah apa sirèku edan | dhuwit sigar nora abti | sigar gêmpalan ringgit | paman nadyan dhuwit sèwu | kêlamun kurang sigar | nora jênêng sèwu ringgit | marma igar iku gêmpalaning reyal ||

14. kowe nampik dhuwit sigar | ngakumu Allah lyih sugih | ko tan melik rajabrana | ngêndi-êndi akèh rukmi | ngriki-ngriki sotya di | yèn têmên-têmên caturmu | tan adol alang-alang | macul bae mas sasênih | pêsthi sira tan gluyuran ring Sêmarang ||

--- 178 ---

15. duwe sanak Gusti Allah | slawe kèthèng kok ulati | sapa wonge moh mring badha[4] | dadi panutuning syargi | kamulyan wirye bumi | tan liya rajabrana gung | lah paman ge lungoa | yya bêg dibyarda cariwis | ananutun sira marang kamlaratan ||

16. miturut ujarmu nistha | wong mlarat durjaning bumi | rêgêt marang kautaman | tur ta rintên ratri nisthip | ulah budi prana tis | narutus mubêng jêjaluk | bagya adol lang-alang | kaya sira têbih-têbih | amêmikul praptèng kene ruru arta ||

17. saguh macul mas sasingkal | lah mara rupane êndi | gampang bae wahyèng sabda | angèl nyatane kang kèksi | sayugya dèn sêksèni | sanadyan sun bangkit muwus | ngungkuli sorahira | sang pindha nulya angambil | pacul sigra gaclok rugmi pitung singkal ||

18. dyan anêmpuh suryèng kara | ujyala kumêlat thathit | kang namur tanpa pamitan | glênês lagsana wus têbih | warnanên kyai mèksi | mas pitung singkal ting klêpyur | jêngêr ngungun sru gila | sêbdane wong mikul yakin | de ana mas gêdhe akèh tanpa upa ||

19. nglêngkara jalma utama | ponang sêngadi malarsih | têtila yèn dudu sulap | kyagêng gya kirdha ngupadi | tan [ta...]

--- 179 ---

[...n] dangu nulya panggih | tandya ngrangkul suku gapyuk | drasa ngaras padaka | lyir nari tinilar nglaki | sênggruk-sênggruk pêgat-pêgat mardaparja ||

20. dhuh murti bijagsèng sabda | kang ambeg darmamba turi | tindak dhatêng griya kula | yun tobat maguru nadi | mangataskarèng ghaib | ing ngrika-ngriki mituhu | wijange kawruh mulya | botên ketang manrang wèsthi | mlayèng jagat mituhu sang ananing dad ||

21. kadospundi karsa tuwan | srambut pinara sakêthi | mboya mèmpêr manjing akal | sirna panyakramba ênting | sang pindha nambung angling | sun arsa mampir kêlamun | pangêmis kita angsal | dudu rajabrana picis | kang sun jaluk adêging masjid Sêmarang ||

22. myang atma kulawarganta | kang byantu karsa sawiji | mahyakkên bangdha[5] ardana | kinarya murwani masjit | malih paminta mami | ya allale mujaetun | wamal upama bathang | dadya panasaran ngakhir | yèn sira wus nora rêmên ring ardana ||

23. kyai umatur sandika | sakarsa amba mèstuti | ing rèh pitutur kang nyata | tumanêm ing sanubari | jêng sunan nulya mampir | praptèng wismanira gupuh | dhêdhawuh garwatmaja | sakulawarga ngabêkti | wus warata jêng sunan aris ngandika ||

24. lah aglis sira yosoa | pasalatan aran mêsjit | kinarya salat [sa...]

--- 180 ---

[...lat] jumuwah | de sira lamun kapingin | ingkang kadi wak mami | luwih abot lakunipun | apa sira gêduga | dhawuhing guru lyih rungsit | abot ènthèng mèstu ing guru saprentah ||

25. kêlamun wus saguh sira | mituhu warsita mami | kabèh sarajabrananta | bagenên pra pêkir mêskin | lan manèh jroning mêsjit | bêcik sèlahana bêdhug | pratăndha wêktu lima | dene ingkang kaping kalih | sira age nusula marang Jabalkat ||

26. kidul kene wismaningwang | sawetaning gunung Mrampi | de kitarsa yun wruh asma | ingsun Jêng Mlaya wêwangi | kasêbut Sunan Kali | lah uwis sun tinggal mantuk | sakêdhèp tan katingal | gumun kang samya umèksi | kawuwusa kanjêng sunan kirdhanira ||

27. èngêt darbe calon olya | kang mêksih tapèng wonadri | gunung ngrêngga Cokrajaya | lami wantara sawarsi | sun ngampiri murit[6] | sêkabat santri gumrudug | prapta ing wona ngrêngga | ingupadi tan pinanggih | kobênging tyas rèh papan pênuh lang-alang ||

28. Jêng Malaya karsanira | ingobong kewala uwis | murit cag nyandhak rèk sigra | tinunu bêl wus dadyagni | kaparêng mangsanya tri | kang wrêksa gêng alit rampung | katêrjang ing dahana | tandya ingupadi aglis | wus tan kilap kanjêng sunan paring [pa...]

--- 181 ---

[...ring] salam ||

29. gregah tangi Cakrajaya | ngalekum salam ngabêkti | wusnya ngucap Allah Allah | Jêng Sunan Kali nabda ris | lah wis mênênga yayi | rucatên gyanta maca hu | wruhanta mangke sira | wus trinrimèng Yyang Suksma Di | Cakrajaya sira sun paringi asma ||

30. Sunan Gêsêng mukmin tama | ngalora ngulon dèn aglis | sak anak rayat rabinta | sêka bêdhug aja kèri | mring Lowanu sirèki | ing kono mêndharna kawruh | Sunan Gêsêng winêjang | wijangane kawruh wali | marma beda lan ngèlmunya pra ambiya ||

31. Pangran Gêsêng sampun tămpa | ing gunardika rèh ngèlmi | tyas sirarda padhang nrawang | yayah kapanjingan rawi | gya pamit sampun mulih | Sunan Kali nganglang ngidul | Sunan Gêsêng wus prapta | wisma dhawuh garwa siwi | glis sumêkta garwatma Ngluwanu prapta ||

32. wus mêmatut mangun desa | arja kathah janma prapti | warnanên jêng sunan arsa | mring Bagawanta mêmancing | kinarya mangun tèki | ucapên tênaya jalu | Jaka Bêdhug ranira | yun manginjên rama mancing | paranbaya karsane kyai mèt mina ||

33. lah ta apa kurang tama | Jaka Bêdhug ngitip sarwi | mènèk wrêksa lo anèng pang | jêng sunan awas ningali | kang mènèk ngintip-itip | ngandika [nga...]

--- 182 ---

[...ndika] sebak wre iku | mènèk netra manawas | nulya Ki Jaka wus dadi | malih warna rewănda wit sabdèng rama ||

34. lah mangkono wali tama | wahyang[7] sabda tan salingsir | sigra marêk sang tênaya | sênggruk-sênggruk dènnya nangis | sarwi matur mlasasih | rama kula nuwun ampun | tobat minta agsama | dene amba malih warni | padugyamba paduka salah ngandika ||

35. minta ruwat sampurnakna | wangsula kadya ing nguni | sirna jatining wanara | sudarma pasrangkara ris | thole iku wus pêsthi | karsaning Suksma Kang Agung | yèn sira arsa tobat | bali mujadaha kaki | anênuwun ngapura Kang Murbèng Alam ||

36. praptèng jaman mangke samya | wong têdhak Baglèn kakiki | ingkang turun Nilasraba | nganggo buntut sawêntawis | tan dawa amung sak dim | nahên gantya kang winuwus | Ki Gêdhe Pandhanarang | kang brănta ing tyas wiyadi | dènirarsa marang ing gunung Jabalkat ||

37. kyai pamit mring garwatma | sadaya jumurung amin | suka sokur lêga lila | de sudarma ngayu yukti | ananging kanang syami | nyai lênggana yèn katun | pêjah gêsang yya pisah | tumutur ing dunya ngakir | têtêp jodho kene kana boya ginggang ||

28. Asmaradana

1. smara garwanira [garwani...]

--- 183 ---

[...ra] kyai | kang umèstu ring Jabalkat | branarta binage kabèh | wus brastha binage wrata | pêkir mêskin kasihan | dadya suka bungahipun | supradene langkung băndha ||

2. nyiptane nyi agêng iki | sêsotya di nawa rêtna | owêl sun dhêmitne dhewe | yèn nèng kona kurang băndha | kinarya dandan-dandan | dhuwit sangu nèng dêlanggung | dadya pikuwating badan ||

3. karsanya prasotya rukmi | yèn kinandhut karya sumlang | băndha anggawa nyawane | sun samune bae mangkya | ayya na janma ngira | durta silayu tan wêruh | bêcik sun karya sarana ||

4. tatêkên pring wuluh gadhing | isi tan kêna ingetang | nyai manyoba karsane | kyai kinira tan priksa | samana wus lagsana | kinarya tatêkên sampun | kyai lon andikanira ||

5. hèh yayi yèn sira yêkti | mèstu ngong ya gawa brana | nyai mung inggih ature | tan bêkta băndha ardana | kyai sokur wuwusnya | rêreyongan kirdhanipun | ketang adrênging sukarsa ||

6. wus praptèng madyèng wanadri | ki gêdhe kirdha ing ngarsa | nyai nèng wuri lampahe | têbih wantra saprapat pal | nulya na janma tiga | nguwuh-uwuh kang lumaku | hèh kyai sira mandhêga ||

7. kowe tamtu sugih dhuwit | dirham brana wus tatela | sarwa putih panganggone | lagsitanta lyir sungkawa | yèn tan awèh [a...]

--- 184 ---

[...wèh] ngong pagas | lungayamu mêsthi jabut | sira aja ngeman băndha ||

8. kyai tumulya ngandhêgi | hèh têlu sujanma begal | luput panyakranta kabèh | sun sêpi tan gawa ngamal | lah dulunên ngong kirab | gêjaba wuri garwèngsun | dunyane tanpa wilangan ||

9. nèng sajroning wuluh gadhing | sinamur kinarya jungkat | sun watara lamun kowe | antuk têkên isi brana | slawasmurip nèng donya | kok pangan lan nyandhang cukup | ika kêthap-kêthap seta ||

10. janma tri mandhêg ngêtèni | mring nyai dènnya wisata | tantara prapta nulya ge | wong begal angroda paksa | gudirambêg[8] niaya | gêgilani tindak dhusu | gêrtak watuning wanita ||

11. darodhog sadarpa ajrih | hèh janma dur sun tan gawa | băndha sangu nora darbe | kêkirab têkên cinandhak | ring janma tri pinêcah | isi sêsotya mas mancur | gya binage janma tiga ||

12. kirdhaning janma duskarti | cipta ngăngsa-ăngsa kurang | nyai dèn tutkên lampahe | ginlak tindaknya wus prapta | ing ngarsanya kang raka | janma begal tri tut pungkur | kyagêng nulya pasrangkara ||

13. sun tan sangarta sadhuwit | klobot bako be tan gawa | wus sondêr mubarang kabèh | sira tri yun ngurdapêksa | murang silaning tata | ing dyana mangke kasêbut | karan kitha Salahtiga ||

14. iku purwakaning nguni | tyang tiga samangke

--- 185 ---

kesah | wus bêkta rajabrana kèh | kapranggul jalma sajuga | kang wasta Sambangdalan | pasrangkara jaluk pandum | kyai nyai lon wacana ||

15. ingsun wus nora darbèni | yèn sira kurang pêrcaya | dara sun wuda wong roro | tandya samya kirap-kirap | trang trus wus datan bêkta | patrap yayah gledhah apyun | Sambangdalan minta wastra ||

16. tut wutat adrêng darmimil | e bok wastramu kewala | klambi ikêt slendhang kuwe | sun cêkêlne ring ngêpakan | awak slak pêtagihan | Sambangdalan adrêng blubut | kyahgêng lon andikanya[9] ||

17. ingsun wus datan darbèni | rangkêpan wastra tan gawa | jarik klambi siji kiye | sênadyan ta garwaningwang | padha uga tan gawa | mêksarda nguthuh tut pungkur | kyagêng nabda kaya menda ||

18. jlêg sakala dadya kambing | Sambangmarga wus pramana | yèn anggane malih sato | satêngah atuk supata | dening janma dyi wêrda | tobat-tobat nyuwun ampun | sirnakna kang salah rupa ||

19. kyagêng pasrangkara aris | hèh wêdhus wêruhanira | luput sêka tyasmu dhewe | yèn sira yun atuk marma | ring Hyang Kang Maha Mulya | lah payo mèlua wêdhus | marang ing gunung Jabalkat ||

20. lan sapa aranmu kambing | kawula pun Sambangmarga | sadarpa rupa-rupane | pitênah dhusthèng natarta | mêmaga ring paekan | datan ngeman dhatêng umur | ring tiyang sasama-sama ||

21. kyai lan nyai lumaris |

--- 186 ---

ayun dumugèk karsa[10] | marang Jabatkat[11] sêdyane | mangidul de Sambangmarga | mituhu nglêbur tapak | tantara dina prapta wus | ing tanah Jabalkat arga ||

22. nèng ngriku amanggih masjit | sajuga kalangkung pelag | kyai lan nyai gêng rèrèn | ing ngriku ana turasan | sawiji tanpa toya | tandya Ki Sambangdêlanggung | kinèn ngisèni tumulya ||

23. kadhawuhan dening kyai | hèh ta sira Sambangdalan | manawa tobatmu olèh | yèn turasan bisa kêbak | nanging yya tinutupan | supêle buwangên gupuh | yèn lubèr wignya waluya ||

24. bali kamanungsan siki | Ki Sambangmarga sandika | gya lumaksana ngupa we | ingkang karya ngangsu kranjang | têbihnya sak ojotan | rina wêngi dènnya ngangsu | padasan tan bisa kêbak ||

25. kongsi praptèng pitung ari | sapta ratri dèrèng kêbak | kocapa Jêng Sunan Lèpèn | rawuh sangking nganglang jagat | jujug masjit Jabalkat | panggih kyagêng sigra ngujung | nyai uga ngaraspada ||

26. kanjêng sunan wêlas mèksi | ana wêdhus ngupa tirta | sun dangu apa kranane | kyai umatur prasaja | purwa madya wusana | kambing ngandikan wus maju | wêdhus wis sira katrima ||

27. nguni kadadean janmi | mangke mulih rupa janma | gya mulya rupa dadya wong | sangêt suka sokuring tyas | purna jati [ja...]

--- 187 ---

[...ti] manungsa | jêng sunan ngandika arum | sira jênênga Sèh Dumba ||

28. mundur ing padasan mèksi | wus kêbak toya daludag | Jêng Mlaya ngandika alon | kene apa langka tirta | coba ingsun nênêdha | maring Dad Kang Murwèng Tuwuh | sêmana kang ponang jungkat ||

29. gya tinancêpkên nèng siti | kajabut sakala bludag | wahyaning tirtèsmu ijo | tandya kyai dhinawuhan | wruhanta Pandhanarang | sira sun wisudha kasbut | Kangjêng Pangeran Têmbayat ||

30. ngeslamna janma ing ngriki | kang padha durung agama | ing kene janma Buda kèh | jêng pangran matur sandika | sunan karsa malaya | yun marang Dêmak wus laju | samana Pangran Têmbayat ||

31. tan pinaèlu ring janmi | malah samya ngerang-erang | awit desa Wêdhi kono | kèh wong Buda wak-kumawak | Kyai Tasik ranira | sarujuk lan garwanipun | mêmancah agami Islam ||

32. pakaryanya Nyai Tasik | ing sabên ari mring pasar | adol srabi laris dhewe | nulya Jêng Pangran Têmbayat | mamindha jalma sudra | marang desa Wêdhi têmu | lan Ki Tasik matur ngêrpa ||

33. yun mèstu dadya pêkathik | yèn parêng dhangan ing karsa | mikul jladrèn sasamine | samana wus tinampanan | nuju ari sajuga | ring pasar kang namur mèstu | mikul jladrèn tantra prapta ||

34. rampunging tata Ni Tasik | wiwit ngolah

--- 188 ---

srabènira | jladrèn durung tèk sêparo | kayu tunu sampun têlas | kêlampah tata mahya | manguman marang jru pikul | sira iku jalma apa ||

35. layak salawasmu urip | kumêlip tan bisa bawa | kadayan ta ngèngèr-ngèngèr | ngupa karya datan daya | pradene bangêt tuna | dadi batur-batur nora cukup[12] | tandhane kurang wiweka ||

36. lèhmu gawa kayu santhik | wusanane iki kurang | lah apa tanganmu kuwe | digo kayu dadya wawa | ngolah srabi punika | ingkang mindha sudra gupuh | asta ro malbèng dahana ||

37. gumrubug urupnya minthir | jladrèn pirang-pirang brastha | Nyai Tasik ngungun tyase | de ana janma digdaya | tangan mrub dadi brama | apa êjim apa antu | tan manthung[13] kênèng pawaka ||

38. age-age Nyai Tasik | mulih sing pasar dhog tandya | sadarpa ngunguning tyase | kang pindha pikul nèng wutat | pangaron kêrên kangkat | tantra prapta wisma sampun | ring kyai ge-age warta ||

39. ah sun gumun mahyu kyai | tyasane baturmu anyar | tangane dudu rasane | ingobar kinarya wrêksa | êmpane mupyar-mupyar | dinggo ngratêngi srabyèngsun | jladrèn sapêngaron labas ||

40. wus kasusra desa Wêdhi | nyai jru pikulnya[14] | kalintang-lintang eloke | lan sapa asma

--- 189 ---

kang nyata | dene sadarpa guna | nulya ingundang wus cundhuk | liningan ing sabda madya ||

41. hèh pêkathik dika mriki | kula takèn kang prasaja | andika blaka kimawon | angsal pundi lan asmanta | dene tan kira-kira | jêng pangran waskithèng sêmu | kita yun mèstu cipta[15] ||

42. tumulya wêca kakiki | ingsun Pangeran Têmbayat | ing Samarang wismaningong | mangkya tunggu masjitdolah | rintên ratri ngibadah | nênuntun rèh para punggung | narik ring agama mulya ||

43. marma praptèng tanah Wêdhi | kyai yun nutun mring sira | sakulawargamu kabèh | kang sarju manjing agama | Islam gumlar ing dunya | warata sajagat kêmput | sarengat jêng nabi duta ||

44. ngucap klimah tayibahi | lailaha hailêllah | Mukamat rasul jarwane | tan ana pangeran liyan | amung Allah Kang Mulya | Mukamat rasul puniku | juru wartaning manungsa ||

45. Kyai Tasik lawan syami | duk mirêng sabdaning Pangran | Têmbayat nangis sakaro | dhuh tuwan nuwun pitêdah | caraning janma Islam | sakulawarga pukulun | tumulya ge linaksanan ||

46. sadaya tyang kanan kering | ing Wêdhi mèstuti Islam | warata kiwa têngêne | samya nut salat jumuwah | marang masjit Têmbayat | wus ajêg jêjêg lumintu | gantya ingkang kawuwusa ||

--- 190 ---

29. Maskumambang

1. kawarsita kêng Sinuwun Majapait | Prabu Brawijaya | nuju malêm Buda Manis | supêna katêkan dewa ||

2. Yyang Triyatra prapta ngarsa sung pawarti | hèh narendra tama | sira yun nandhang prihatin | gregah gya wungu sang nata ||

3. pungun-pungun ngungun angên-angên […] | supênantuk jarwa | Yyang Triyatra Dewa Murti | […] mugi sajarnya ||

4. kasêlak sang wungu denira aguling | tandya sang maharja | darbya du[…]di | lumêbèng sanggar pamlêngan ||

5. ngèsthi […] dadyaning wahana jati | gya manjing sa[…] | […] dupa […] ri | rasamala jêbat puspa ||

6. […] sa sidhakêp tunggal sawiji | maksih […] | […] tup păncadriya mati | mung ngêningkên […] ntra ||

7. Yyang Pramona tinutup tan kêna mijil | […] | jumbuh kawula lan gusti | mangkono buda […] ||

8. […] yannya panggya sang Hyang Udipati | ngajawa mawantah | yayah sudarma kang warni | sajarwa tanpa sêsmita ||

9. hèh Ki Prabu Brawijaya ngatas karsi | Yyang Suksma Kawêkas | mangkya nuksmèng yun wèh warti | warta ingêring bawana ||

10. tanah Jawa kratoning natarsa ngalih | kaki prabu sira | ingkang jumênêng mungkasi | kapraboning Majalêngka ||

11. bakal salin jaman sêsêmbahan benjing | sinatunan [sinatuna...]

--- 191 ---

[...n] asma | mamèt basane Ngarabi | rusuh datansah ru-ara ||

12. de kang jumnêng naranata tanah Jawi | mêksih kasamaran | tinutup Yyang Udipati | durung têrtamtu gonira ||

13. yèn wus sirna karaton ing Majapait | yya sira sumêlang | pancaking driya wus pasthi | karsaning Suksma Wasesa ||

14. nanging [...]ra srana yakti | kang măngka usada | saratmu [...] ning praja di | supaya turunmu dadya ||

15. ambawani ka[...] toning [...] Jawi | nguwoyia sira | pusaka kang rupa [...] | [...] purnya jangkung mêngkurat ||

16. kang ginawe [...] ngan tanpa gêni | dudu wêsi syarga | dudu [...] budi | săngka pêrêsan roh insa [...] ||

17. ingkang karya bocah ngumur pitung warsi | trah [...] mang | atuk wijanging rama di | êmpu jaman bu[...] ||

18. nora susah kok ulati be[...] ti | wus pandoning dewa | janji [...] kêna [...] | hèh kaki nata nrimoa ||

19. lah ta nuntên sêmadènira tyas wêning | nata wus kajalman | têdhak malbèng Budha manik | byar enjang langên badhaya ||

20. ya ta ingkang kawuwusa amangsuli | carita wus lama | sarêng lêlampahanèki | nging gênti kanang sewaya ||

21. tatkalanya Pangran Sêndhang mantuk sangking | tanah Balambangan | nèng Sidayu darbe syami | tur mêngku kitha wibawa ||

--- 192 ---

22. Dyah Sugiyah putra Blambangan narpati | pan pinuju wawrat | pitung căndra Supa pamit | ring garwa yun marang Tuban ||

23. tilar wêling yèn mahya wawratan benjing | jalu sinung aran | Jaka Sura lamun èstri | sakêrsane ibunira ||

24. Supa bidhal atêtilar calon kêris | cacah kalih dasa | lêstari prapta sêmangkin | kurang luwih pitung warsa ||

25. kalêrêsan sang sukèsi dènnya bunting | babar mahya priya | ibu mituhu wawêling | kunthara ran Jaka Sura ||

26. wusnya agêng sabarang karsanya luwih | jajah wanawasa | sondêr sare wus pas bu[...] | nyêngkarga malbèng jro guwa ||

27. dupi prapta nèng tê[...] dra panggih | sira Jaka Sura | kalawan Êmpu Rahmadi | winulang kawruh warastra ||

28. wignya karya waja wêsi saking ati | pamor wahyèng netra | yeka dayaning Rahmadi | Ki Supa nyakup warsita ||

29. duk samana japa warastra wus tampi | gya mantuk Ki Jaka | praptèng Sidayu wus panggih | kang ibu nulya karuna ||

30. hèh atmèngsun sira lunga mênyang ngêndi | kang putra sajarwa | purwa madya amêkasi | ibu asrêping wardaya ||

31. Jaka Sura wusnya tuk warsita murti | tyas arda gumêblang | padhang nir waskithèng wèsthi | ring pratagsitèng utama ||

32. nuksmèng digbya gunardika kramaniti | prawira sutama | ulah yya karana kawi | putus rèh paramabasa ||

33. nora mèmpêr lagya yusya

--- 193 ---

pitung warsi | darbyati kadyèka | awit atuk wahyu ghaib | wahyaning êmpu bijagsa ||

34. datan wigih ring ganal alusing budi | titi sêtyèng titah | tataning manungsa murti | samana antara lama ||

35. kaki Jaka minta ring ibu nuwun wrin | mring sori ngrarêpa | dhuh kula ibu yun uning | pundi ibu sudarmamba ||

36. lamun gadhah sintên kasumbagèng warti | ing pundi wismanya | punapa têksih basuki | sori mandrawèng kang waspa ||

37. adhuh nyawa sirarsa takèn sudarmi | asma Pangran Sêndhang | puniki Pitrang kêkasih | lagya lunga marang Tuban ||

38. Tuban iku bawah nagri Majapait | Prabu Brawijaya | sanuwun ing tanah Jawi | ramanta tatkala lunga ||

39. sira lagya nèng wêtêngan pitung sasi | marmanira asma | Jaka Sura wit sudarmi | duk ngendra têtinggal wêkas ||

40. de lawase wus pitung taun sakiki | oswa tuwin seda | ingsun durung krungu warti | gêjaba iku ramanta ||

41. aninggali calon kalih dasa kêris | êmbuh dhapurira | kabuntêl êduk nèng pêthi | mêngko thole priksanana ||

42. gya ingambil sinungkên atmaja mèksi | pukiraning gatga | nulya matur marang sari | ibu kula yun upiksa ||

43. sudarmamba Pangran Sêndhang yèn basuki | sênadyan wus seda | kuburnya kularsa uning | mêkatên tênaya tama ||

44. mboya ketang manang[16] baya manrang wèsthi | amba yun kêpanggya | marang nagri Majapait [Majapai...]

--- 194 ---

[...t] | kang ibu sadarpa ngampah ||

45. dhuh atmèngsun aja mangkono ta kaki | adoh Wilatikta | marga wana tanpa têpi | kèh rubeda malbèng wana ||

46. Jaka Sura matur adrêng manrang wèsthi | kêdah batên kula | arsa ngulati sudarmi | calon dyi dasamba bêkta ||

47. karya tăndha kula Pangran Sêndhang siwi | pratăndha sanyata | calon kris kalih dasa ji | têmên-têmên atmèng Pitrang ||

48. sigra-sigra Ki Jaka busana mantri | saprabot lir adad | calon pinanggul tumuli | tantra wus têkap ing marga ||

49. sabên takon ngopahi calon kris siji | lêpas kirdhanira | ing Majapait wus prapti | jujug ing waringin kêmbar ||

50. calon kêris dyi dasa mung kari siji | têlas kang sangalas | karya opah wong sung margi | nèng sor wringin kaki Jaka ||

51. majêng ngidul mabukuh netyèsmu ajrih | kadi rare praja | botên mèmpêr yèn raryalit | warnanên sri naranata ||

52. para pandhe gêblak sayang juru ngukir | mranggi kuntha krêsna | gêrji miwah juru rugmi | samahita tanuhita ||

53. kartahita tukang tênung tukang sungli | kathah yèn cinitra | punggawa ing Majapait | sang nata kagyat duk mirsa ||

30. Pocung

1. wringin kurung ing têngah ana kadulu | raryalit asila | kadyana sukarya gati | sun upiksa wus suwe antaranira ||

2. cingak sagung bopati para tumênggung | munjuk jêng pamasa |

--- 195 ---

lêrês sabda dalêm aji | rare juga nèng madyaning wringin kêmbar ||

3. mahaprabu nibali rare kang bukuh | kang dinuk lumaksa | lare sajuga wus kerit | siladama muka konjêm ing pratala ||

4. kang sinuwun dangu pamawasing pasmun | grahitèng tyas nata | apa iki ingkang dadi | wahanane pasuptan sadalêm puja ||

5. gya dinangu hèh bocah sapa jênêngmu | ngêndi wismanira | nèng wringin arsa punapi | lah sajara saciptanta lairêna ||

6. nêmbah matur lir rare wus atuk tuduh | dhuh jawatèng dunya | kula rare nandhang sakit | duka cipta ngupa kang wèh margaina ||

7. wasta ulun Jaka Sura sangking biyung | mêkatên ing purwa | nguni wontên padhe wêsi | sangking Gêrsik pun Pitrang kasubing nama ||

8. syutèng ratu nèng Blambangan sang aprabu | katrimèng sukarya | katriman pangkat bupati | kitha alit ing Sidayu mangkupraja ||

9. wus kajunjung nama Pangran Sêndhang mashur | atuk triman putra- | nira kanjêng sri bopati | ing Blambangan Dèwi Sugiyah panêngran ||

10. atut runtut anggarbini pitung tèngsu | jêng pangran pamitan | yun tuwi ring kitha Tubin | bawah Majalêngka nèng ngriku darbyatma ||

11. juga jalu sêmana kaparêng nuju | dupyantara căndra | Dyah Sugiyah dènnya buting | praptèng wanci mahya kawula punika ||

12. tutur galur kadya

--- 196 ---

kang sampun kaatur | trus trang sajarwanya | tumulya kawula pamit | angupadi dunungipun bapa amba ||

13. dupi ulun prapta sajawining kratun | ing Majalêngkyarja | narutus takèn sudarmi | Kyai Pitrang sajuga tan wontên wikan ||

14. nrang pakewuh pundi-pundi kula ruruh | kang wasta Ki Pitrang | Pangeran Sêndhang kawarti | samya [...] tan ana ingkang pariksa ||

15. manêmpah byat [...] sowan sinuwun | idhup pralayamba | ratyagung [...] mupuni | amidana mancas sukêrti duskarta ||

16. dursilayu praptèng pundi tanpa tuduh | makatên ciptamba | marma jujug sor waringin | rèhne kula tanpa kadang karuh mitra ||

17. amung ratu kadang karuh mitra ulun | lah kanjêng sudigbya | paduka kang [...] trang titi | pundi bapa kawula Pangeran Sêndhang ||

18. sang aprabu èmêng ing galih sru ngungun | sapa jênêng pangran | apa si sunan ing Tubin | kang malaya praptèng Blambangan nagara ||

19. kêng sanuwun dangu wêdananing êmpu | Supa apa ana | munjuk wontên kang sinung ling | hèh majua Supa dikêparèng ngarsa ||

20. lah ta iku ana bocah saos ngratu | ngatas takon bapa | Pangeran Sêndhang kawarti | duk maune nèng Blambangan karan Pitrang ||

21. antara wus pitung warsa lamènipun | lah iku kunthara | duk mêksih nèng garbèng bibi | Dyah

--- 197 ---

Sugiyah putrane Raja Blambangan ||

22. mêtu jalu aran Jaka Sura iku | hèh Supa [...] | [...] nguni mlaya bumi | nèng Blambangan katrima atuk tariman ||

23. nêmbah matur Ki Supa inggih saèstu | amba atuk bagya | winisudha adipati | klilan nama jajuluk Pangeran Sêndhang ||

24. asma ulun [...] Pitrang kasbut | gyantuk Dyah Sugiyah | [...] amba gusti | arda samar panganggêp kawula [...] ||

25. mokal lamun tus sêmatên agêngipun | [...] dupara | tumraptèng ngriki pribadi | mboya mèmpêr sarambut pinara sasra ||

26. jêng sinuwun ngandika hèh iku kulup | ngaku sutèng Pitrang | êndi tandhane sayêkti | Jaka Supa munjuk mung kantun sajuga ||

27. calon dhuwung nguni dyi dasa kèhipun | têlas wontên marga | mangke mung kantun sasiki | lah punika warnining calon curiga ||

28. nulya kunjuk tinampan winangwang wangun | sang nata tan kilap | kartinya Supa kêtawis | kêmbang kacang dêdêg gănja myang sogokan ||

29. manêbda rum nata duk mirsani dhuwung | hèh Supa têtela | tapak tanganmu kris iki | lah ta ênya prastawakna kang prastawa ||

30. tampi sampun Supa satmata adulu | gya munjuk narendra | botên samar gusti yêkti | têtela trang calon damêlan kawula ||

31. gih

--- 198 ---

punika atma kawula saèstu | nalikamba kesah | kula wêling lamun bayi | mahya priya tinêngrana Jaka Sura ||

32. sabda prabu hèh Jaka Sura sirèku | arsa wruh sudarma | iku ramanta sayêkti | Kyai Supa ane nèng Majalêngka[17] ||

33. sun datan wruh yèn atuk sih salin juluk | asma Pangran Sêndhang | mangke sun milu ngidèni | Kyai Supa kasêbut Pangeran Sêndhang ||

34. hèh ta kulup rèh sêdyanta wus kêpangguh | tur samya widada | tanpa kara-kara sami | nanging ingsun mundhut pratăndha mring sira ||

35. susah ingsun bolongna sirnaning limut | lagyantuk rubeda | cobaning dewa linuwih | kinèn ngupa srana kris tumbal sajuga ||

36. dhapur jangkung mêngkurat ingsun durung wruh | yèn sira kaduga | nguni manira mrentahi | midrawèng rat pandhe-pandhe jroning jagat ||

37. nora saguh nadyan ramanta durung wruh | coba gawe sira | manawa tuk sihing Widi | wignya cocog dadi tumbaling nagara ||

38. Jaka Sura munjuk sandika tumuntur | sangking barkah nata | dasih nglampahi sadarmi | botên langkung kabagyan dalêm narendra ||

39. namung ulun minta pasênêdan samun | mudya rawismaya | wahyaning mêmayu wadi | wadi-wadi karya di yya kawêndaka ||

40. sang pamasa manut wus pêthuk ing kalbu | hèh Supa ta sira | manjinga gon kang asêpi | bale angun-angun pracima punika ||

41. sira Sêndhang iridên atmanta iku | sigra

--- 199 ---

kalêksanan | Supa ngirit Sura manjing | Kyai Supa nèng jaba lan sri narendra ||

42. Sura sampun nèng jro pidik mlêngkang suku | tunggal nêkêm asta | midik mêdêd usya mati | păncadriya sirna mung kèsthining cipta ||

43. tandya mahya wêsi sangking betal makmur | budayèng suhunan | antaya mahya sakapti | waja wêsi barang karya pamor mimba ||

44. gya dèn urut srana asta cipta sujut | warnanên kang wus hyang | Êmpu Rahmadi tumrapti | jangkung anèng mustaka sakêjêp dadya ||

45. dhapur jangkung mangkurat lukira têlu | mawa sêkar kacang | sogokan grènèng kang wuri | ada-ada têrus sapucuk curiga ||

46. dupi rampung Sura panêkungnya kabul | gya dhodhok wiwara | mijil sangking gon kang sêpi | kagyat Sura wruh bapa nata nèng dyana ||

47. sila bukuh munjuk punika sang prabu | curiga karsendra | dhapur jangkung mangkubumi | wus kapundhut sang nata gya wangsul lênggah ||

48. sru mangungun winawas-wawas kang wangun | kris jangkung mangkurat | lociptèng tyas sri bopati | baya iki rare kang kalbèng ing wêca ||

31. Dhangdhanggula

1. sri pamasa kondur malbèng puri | Jaka Sura kinanthi kang asta | manjing sadalêm kudhaton | de patih pra tumênggung | myang punggawa ingkang sumiwi | wus samya klilan bibar | sowang-sowang mantuk | rêrasaning pra kusyala |

--- 200 ---

samya ngungun bocah ngumur sapta warsi | waskithèng pramabasa ||

2. cara kraton myang cara sêsami | ngoko madya krama kawitana | tarêcêp trampil kênyame | tangguh netya tar murut | mboya wangwang wus tan was ajrih | ririh tanduk mangarah | cukup praptèng wuwus | tan măntra yèn adoh praja | solah tingkah tanagane gèndèng asih | lah ika rare apa ||

3. sêmunèke sinambut dewa di | sèwu mokal lamun barès iya | datan mêngkono bênêre | kasor pra wrêda jambul | nêmbah nganggo pada patitis | pandêngan mamèt srama | tumungkul mèt sêndhu | sêndhone lawan narendra | wus têtela calon clona cindhe musthi | narik drajat mulyarja ||

4. luwih manèh kadigbyaning budi | wignya muji sêmadining puja | karya pusakaning katong | kang mahya sangking êmbuh | kêris jangkung amangkubumi | eloking băngsa dewa | bocah bangkit nyakup | sampêt sakarsa narendra | tanpa pola suprandene bisa dadi | karti srana wasesa ||

5. kawarnaa wau sri bopati | wusnya praptèng puratara panggya | marang kusumaning sinom | sang pramisori munjuk | lah sinuwun sintên puniki | rare pundi pinăngka | sarta namanipun | dene jêng paduka nata | sri narendra hèh yayi wruhanta iki | atmajane Si Supa ||

6. kang patutan putrèning

--- 201 ---

Dipati | Siyunglaut Raja Bêlabangan | brene ngupa sudarmane | pribadi sondêr batur | nèng sor wringin malar kasyasih | wastane Jaka Sura | ngumur pitung taun | wasis aguna widagda | baut karya curiga srana praja di | mulyaning widaradya ||

7. katga dhapur jangkung mangkubumi | kadidening wirayating dewa | kang wus mashur jagat kabèh | sabên pra sisya krungu | syarèng ăntariksa dumêling | gya sun nêgês karsèng Yyang | sigra tumrun sung wruh | ing besuk ana kunthara | wasta Jaka Sura tumrapta pribadi | jangkaning Yyang Triyatra ||

8. katêmahan mau sun dhawuhi | gawe kêris kang arda dupara | gya dadi iki rupane | karti guna srana yu | trah tumêrah turun ngong benjing | abawani bawana | mêngku prajarja gung | têgêse dhapur mangkurat | ni bok ratu mulènana rare iki | dimène purantara ||

9. nata nabda mring Supa rum manis | aja mulih marang kuthanira | sun paringi sih ing têmbe | tan cidra sabdèng ratu | tinikêlan pradana rugmi | myang wiryaning wibawa | bawahkên ing wadu | mêngku kitha miji kara | Jaka Sura munjuk sandika mèstuti | sumarah jiwatmamba ||

10. dewajining sisyantara murti | misudhèng sih drajat maha wirya | pun dasih tansah cumandhong | arda gung kumacèlu | luluh labda dadya pratiwi | ing rèh prabuning jagad | darmyastutyèng

--- 202 ---

dhawuh | nuwun-nuwun sih pramoda | nistha papa kagunturan ing sabda ji | ajining widaradya ||

11. sagêt mahya sangking dama pingging | atuk bagya kang tanpa wasana | klunturan ing sabda katong | lir supêna manglindur | katotoning kawiryan aji | jawata ngejawantah | nrambahi sakojur | jiwangga manujbawarja | botên kintên saglêpung pinra sakêthi | yèn dadyapdining nata ||

12. sasat imbal sabda lan Hyang Êning | suka sokur sinihan buwana | ratu pramodaning rate | ambagèng mudraka gung | katuwawa yayah suwargi | ing jaman tinjomaya | sênêng rèh lumulut | têbih sangking păncabaya | jiwa tambah manrawang pakaryèng sandi | gunardikèng pamyarda ||

13. samana Jêng Ratu Dyarawati | saklangkung sihnya mring Jaka Sura | tênaga trapsilèng kraton | nyakêt sarta wèh sêmu | titi titis dugi prayogi | sayugyaning suwita | lir binêktèng laut | mobah sumarah mangarah | mênêng antêng mantêp têtêp rèh patitis | sobaskara aryana ||

14. ringkêsing carita sampun lami | Jaka Sura nèng dalêm mudraka | wus sirna pasmoning rare | samana kêng sinuwun | yun byaktèni sukarsèng aji | Sura masa syasana | jêng narendra prabu | darbyatma putri pamungkas | sampun nêdhêng nambut kramaning dumadi | sang nata pramisyara ||

15. yeka karsa sih ring Sura sami | Aji Dipa nibali Ki Patya | Wahan kerid ngarsa age | liningan sabda arum | hèh ta

--- 203 ---

patih wruhanta mangkin | sun arsa nadukrama | mêmangu pragnya rum | rungruming putri pamungkas | atmajèngsun yun kabojakrama panggih | Sura tênayèng Supa ||

16. naranata wajib misudhèng sih | wong katrima katriman putranya | sri dewa yuning karaton | Sura gawanên mêtu | ring kapatyan besan narpati | ngalumpukna prabeya | bupati tumênggung | arya panèwu panêkar | măncanagri karatoning Majapait | tata-tata pranatan ||

17. amêmatut kang sarya di murti | kyana patih munjuk atur sêmbah | sandika atas kararjèng | rampung kya patih mêtu | Sura kerid mismaning[18] patih | wus tan antara dina | tandyari tinêmtu | wus rampung panguparêngga | tanpa kara sajènnya sampun sumaji | dhaup mèstu dewanya ||

18. lir dewata surabsari panggih | murcita kapriksa sing mandrawa | sarimbit kanjêng pangatèn | dhasar rêbêsing madu | trahing wirya wiryawan bumi | jagad mêmujyèng sukma | widada silayu | yuwananing dunya loka | ring pangantyan karweka kang nuksmèng sasi | kucêm sasining dunya ||

19. gya ingarak pêngatyan kêkalih | Kyai Jaka Sura nitih kuda | abra murub busanane | jêng gusti radyan ayu | awahana jêmpana durti | kathah lamun cinitra | pangantyaning ratu | mubêng têtirahing praja | umung sagung wran jalu èstri raryalit | kèh kayungyun tut wutat ||

20. wusnya rampung pangupara di[19] |

--- 204 ---

jêng syasana anèng kapatihan | atut rutut sakarone | nulya ingkang sinuwun | paring dhawuh rêkyana patih | Jaka Surantuk pangkat | kawisudhèng lungguh | jêjuluk Radyan Dipatya | Surèngrana ing Jênu kasbut bupati | klilan laju boyongan ||

21. tata-tata tumulya miranti | para mikul umèstu atusan | gumrudug barêng syarane | panèwu mantri umung | anggarêbêg pangatèn kalih | tan dangu anèng marga | wus prapta i[20] Jênu | samya jujug pasanggrahan | wus miranti pantês wismaning bupati | tantara wus mulyarja ||

22. tuhu baut pangrèhing praja di | sirna durta gêlah-lahing jagad | kathah merang mèstu kabèh | tobat marang Yyang Agung | dene Surèngrana Dipati | ingêring kadipatyan | akèh tambah dhusun | têgil alas dadya sawah | lêmah sangar kayu aèng wus lêstari | sakala tawar tawa ||

23. nuju ari sajuga Dipati | Surèngrana èngêt yayah rena | samya pisah-pisah gone | ibu wontên Sidayu | rama Pangran Sêndhang nèng Tubin | yun kabayong ngalpak[21] | ngumpul anèng Jênu | sêmana laju utusan | mantri catur ingkang kalih dhatêng Tubin | ngaturi ingkang rama ||

24. ingkang kalih mangetan tinuding | aboyongi ring Sidayu kitha | kang ibu amrih kagète | abêkta bau

--- 205 ---

pikul | wus sumêkta kangkat lêstari | duta karweka ngetan | craka kalihipun | mangulon prapta ing Tuban | tan kacatur ing marga saksana kerit | tanah Jênu wus prapta ||

25. pirawuhnya kang ibu mangèksi | gunging putra tur amangku praja | myang syami tênayèng katong | sadarpa suka sokur | nulya sinung dalêm rêspati | pêrnah lor kulonira | tantra kang dèn utus | mring Tuban ngaturi rama | Pangran Sêndhang wus kerit ing Jênu prapti | widada tanpa kara ||

26. nulya nutug sukaning panggih[22] | ingkang rama lawan ibu tunggal | nèng ngriku dhasar garwane | samya mong kamuktyan gung | tanpa ceda satu punapi | arjaning praja murah | kang sarwa tinuku | adoh rubedaning ăngga | nêngna gatya kawuwusa Sang Dipati | Natapraja Bintara ||

32. Sinom

1. gung putêk prihatining tyas | gêrgês kagagas ing galih | Dyan Dipati Natapraja | rintên ratri ngeling-eling | dera rama narpati | Jêng Sinuwun Majalangu | tan arsa nut gameslam | miturut sarengat nabi | dutaning Yyang Mukammadun Rasulolah ||

2. ciptaning prana mangkana | paranbaya sun aturi | sapa kang yugya kaduga | munjuk ngaturi mangeling |

--- 206 ---

yya merang ing panggalih | kusut lingsêm salin kawruh | mrih kraton praja mulya | ngong tan durakèng sudarmi | paranbaya kadadeane wus ana ||

3. warnanên kang kawarsita | pêrgandringnya para wali | ngalumpuk nèng masjid Dêmak | santri uliya mênuhi | samya yasa surambi | dupyantara sampun rampung | nulya Sinuwun Jaga | matur Sunan Benang sarwi | bisik-bisik gusti ingêring bawana ||

4. rèh wus parêk jangkanira | sang dipatyamba tingali | yya kêndho tlope pangêrbag | pabudi dèrèng kêtawis | maksih kalingan isin | sulaya lan ramanipun | nadyan jangkaning jagat | yèn tan kajangkah ing galih | tamtu lêpat wahyaning wahyu darajat ||

5. lah prayogi katimbalan | pêthuk Jêng Benang gya nuding | sabat nibali dipatya | lumaksana tandya kerit | wus lênggah sang dipati | Sunan Benang ngandika rum | hèh jêbèng Natapraja | paran durung pisan galih | ubênging rat wus parêk salining jaman ||

6. jangkaning jăngka jêjangkah | yya kêndho tlopening karsi | kurang prayitna wêweka | sudaning kawruh mangudi | dening wahyu di murti | sirnakna ciptanta dudu | wajip ngupa sarana | istiyar wajibing urip | hèh wruhanta [wruh...]

--- 207 ---

[...anta] praja Wilatikta tuwa ||

7. sayugyane tata-tata | ngrakit pirantining jurit | miwah pirukuning kratyan | pirukun patang pêrkawis | jagsa pangulu patih | papat ratu ngasta kukum | dadya wêngkuning praja | tandhaning kraton yaktèni | kang biyantu mancas sukêrtining jagat ||

8. sun wawas-wawas sriranta | ewuh pamikirku isin | mungsuh bapa sri narendra | puluh-puluh wus pinasthi | karsaning Dad Kang Sukci | janma darmastutyèng dhawuh | pandoning suksma purba | jêbèng datan kêna gingsir | jangkaning rat sira mungsuh lan ramanta ||

9. ujare oliya pana | pramanêm kirdhaning bumi | nadyan pra dyija bijagsa | kang tyas nirmala maladi | wus wruh wirayating ghaib[23] | nadyan ramanta sang prabu | wus waskithèng pamawas | lamun nagri Majapait | bakal gêmpur rinubasèng ing oliya ||

10. wira pira para dewa | sajaring ramanta aji | rambah-rambah wèh sasminta | kadyadyaning têmbe wuri | kraton Wilatigta nis | ginêmpur nararyèng prabu | lah wis jêbèng kondura | wus parêk mangsane jurit | matur nuwun nuwun jêng radyan dipatya ||

11. sandika mundur tumulya | praptèng Bintara nimbali | para wrêda pinituwa | bêbuyut sêndhèn pratinggi | sagung wong magêrsari | kanan kering

--- 208 ---

wus ngalumpuk | sumahab pira-pira | ngandika radyan dipati | hèh myarsakna para sisyaning Bintara ||

12. ing mangke karsa manira | ingsun misudha pêpatih | paman Kyai Wanasalam | kang sun angkat dina iki | ingêring praja patih | kajibah dadya wawêngku | karyarjaning Bintara | dene ta pangulu khakim | mangke kêtip anom karsaningsun dadya ||

13. pangulu prajèng Bintara | pradata kang ingsun kardi | Ki Imam Sumantri jagsa | pratama utamèng tulis | ing rèh prakara silip | jagsa kuwajiban mutus | rêmbag pangulu patya | têtêp jumênêng praja di | rèh wus ana pirukuning widaradya ||

14. prajurit wong sêtya tama | jagabayaning nagari | kang dadya karsèng dipatya | kang tahan wutahing gêtih | srah jiwatma mayungi | dadi têtamèng praja gung | pangêkêring karatyan | rumaksaka siyang ratri | sabên dina sinajarwa tega laya ||

15. akèh wong kapingin dadya | prajurit kang talangpati | saya daludag bandera | irêng abang kuning putih | dadya pasêmon jati | winruhkên tarsah winuruk | bandera ingkang abang | ring kanêpson wahyèng gêtih | wutah blabar nèng kitha ngukuhkên praja ||

16. pasêmon kang warna rêta | sêrênging budi mèt wani | yya mingkuh tiksyaning astra | bandera kang warna kuning | narik marang papingin [papingi...]

--- 209 ---

[...n] | mêmingin enggala campuh | wahyaning wiratama | mamrih kawiryaning bumi | wajibing rèh prajurit tamènging praja ||

17. wutahing rah dadya tăndha | arda gung rumêksèng gusti | myang pra dama pêkir papa | yèn mati kêna ing mimis | tumêrah praptèng siwi | ginunggung jalma linuhung | dene bandera seta | pratăndha eklasing pati | putih mulus pasrah mangayu layarja ||

18. yeka karan sabilolah | têgêse dêdalan panggih | ring Allah Kang Maha Mulya | tur suka sokur srah pati | ring Yyang Kang Murbèng Urip | sabil idhupnya kapundhut | sumaos ing ngayunan | mangkono prajurit lêwih | wus tan ketang garwatma kang anèng wisma ||

19. patining janma tan kêna | nèng wisma nèng ngêndi-êndi | yèn pandoning sukma prapta | kadipundi gon ngocati | nadyan ginêdhong wêsi | pati nêmpuh nora wurung | nèng punglu yayah wrêsa | yèn rinêksèng Yyang mis kalis | tan tumama kaduwe wong pasrah jiwa ||

20. mangkono dènnya jêjarwa | Kanjêng Rahadyan Dipati | Natapraja ring kusyala | prajurit Bintara sami | sandika darmastuti | sadaya mangancam campuh | mangêntar kartisara | arda mudya manrah pati | duk samona nulya dinunung pradana ||

21. boga wastra warna-warna | sarasya wusya kabagi | warata datan kuciwa | sasênêng-sênêng kang malih | landhêp tangguh pan titis | kabudayan madi têrus |

--- 210 ---

warna prabèt rukmana | satosa nirbayèng wèsthi | sampun kathah kartihita tanuhita ||

22. mêmêda nayuh widada | pratagsitaning utami | rajah srana cala cakra | dadya panggasahing wani | guredaning tyas jirih | sirnaning tyas sumlang kewuh | tur sabên dina blajar | campuh astra gosok gadhi | duk samana riwusnya ing lama-lama ||

23. prajurit mangayu kara | sukarya têmpuh ing pati | kêtara solah tênaga | pasêmon kudarsa jurit | rêkyana patih nuli | darbyemut wêning kalbu[24] | dalu marêk byantara- | nira jêng radyan dipati | nêmbah matur Kyai Patih Wanasalam ||

24. dhuh gustyamba sang dipatya | kalamun panujyèng kapti | rèh wus katawis sudhiya | mboya wande dados warti | konjuk kanjêng rama ji | sinuwun ing Majalangu | têrtamtu pasang cipta | cukul prayitna narpati | bokmênawi ngrumiyini pamrih brastha ||

25. prayogyamba jêng panduka | tur upiksa ring pra wali | yèn sampun sumêktèng karya | ping kalihnya nuwun idin | pamudya mantrèng wali | sarat tibuling rahayu | supayantuk panggasah | mathêm sangêt pra prajurit | wajibing wran sarat panggèndèng srah jiwa ||

26. cocok karsanya dipatya | lan aturnya kyana patih | yèn mangkono sun malaya | nglugas watra yya na uning | lumaksa dalu iki | radyan dipatya

--- 211 ---

mangrasuk | subaga yayah sudra | patih dhinawuhan kèri | sêdyèng prana yun sowan ring Ngampèldênta ||

27. wus lêstari Ngendraprastha | tan cinitra anèng margi | ing Ngampèlgadhing tumrapta | jêng sunan nuju nèng masjit | kagyat sinuwun mèksi | marudasta mèsêm manggut | gya marêk sang dipatya | mangaras padaning yogi | wusnya tata munjuk ngaturi uninga ||

28. yèn sampun sudhiyèng karya | kathah kusyalambêg pati | karti nir deya nrang baya | ngrêbasèng jêng rama aji | praja gung Majapait | kawula nyuwun pangèstu | ing guna srana digbya | pamujyaning wali lêwih | angandika jêng sunan wus mangsanira ||

29. iki sun paringi srana | katunu gya nginum warih | rajah kalimah tayibah | banyu bagenên kang wradin | kaubèkna prajurit | supaya tatag tyas emut | lah wis jêbèng mundura | sandika radyan dipati | tandya bidhal arsa kampir Giripura ||

30. lagsana tantara prapta | ing Giri panggih Sang Yogi | matur krona parlonira | sang pandhita jumrung amin | klilan wangsul gya mampir | ring Benang ugi atur wruh | jêng sunan sokur suka | saha maringi pamuji | mugyantuka widada karsaning Suksma ||

31. benjang yèn wus têmpuh ing prang | mêsthi pra wali tumrapti | ring Dêmak mêmuja măntra | mugi unggula ing jurit | radyan dipati pamit | karilan tumulya kondur | marang kitha Bintara | tan antara

--- 212 ---

anèng margi | praptèng pura patih wus sudhiyèng karya ||

32. ahlinya para sudira | katata sinêlir-sêlir | kang dharat wahana kuda | wus pira-pira rumanti | katata jagi-jagi | sumêkta dad damêlipun | giliran jagèng pura | yayah caraning Kupêni | masangkara wiweka guna sêrona ||

33. Asmaradana

1. nahênta ingkang kawarni | sinuwun ing Majalêngka | petang praptèng măngsa karo | tanggal wuku Măndhasiya | wringkêlan ringkêl jalma | Yyang Sewandakala tumrun | nuju Aryang tampanira ||

2. yun nyirami pusaka ji | waos golok sêking katga | lêmbing jêmparing myang tamèng | ganjur gada para jimat | dhêdhawuh jêng pamasa | mring patih para tumênggung | dyijawara rêsi tapa ||

3. enjing karsendra nyirami | samana sampun sumêkta | nayaka pyarya sumaos | pandhita wiku brahmana | wus malbèng purantara | anèng pungkuran supênuh | tata madyaning udyana ||

4. sri narendra lênggah mungging | bale susana sucipta | tantra gandhaga wus miyos | sing pasaryan pusakendra | pêpak parasu sara | mung kanjêng kyai sang prabu | pribadi ingkang mangasta ||

5. nulya Aji Dipa narik | jêng kyai pusakèng jagat | Condhongcampur wus umahyèng | kagyat narendra umiyat | tri pandurat tan nêbda | gêglêg ngungun ngênglêng mangu | yayah narendra supêna ||

6. dupi kêmbang kacangnya nis | pugut [pugu...]

--- 213 ---

[...t] tri luk pucukira | kyagêng wus nir guwayane | biru samun tanpa cahya | wêlu kèh pêdhot waja | wusana ngandika arum | smu wiyadi măncadrasa ||

7. mring radyan rêkyana patih | hèh Wahan sira majua | mangkya na rubeda gêdhe | kapriye ing karanira | jêng kyai nandhang ceda | kênèng duratmaka tri luk | pugut kêmbang kacang musna ||

8. mokal endrajalèng kapti | kartining dus sandipaya | anèng sadalêm kudhaton | pratisthèng ulu pasaryan | lah mara wêspadakna | manêmbah kya patih dulu | munjuk gusti dede cidra ||

9. manawi dhustha katawis | kajawi sangking punika | nata dibya gung sarike | sintên kang mara duratma | dupara satus nuta | kilap dewa cidrèng laku | mituhu jangkaning praja ||

10. yèn botên pandoning Widi | kados batên kalampahan | samana sang maha katong | amupus karsèng dewata | namur durtèng pusaka | puluh-puluh wusa puluh | bagyaning nata bawana ||

11. nulya jêng pramodèng bumi | ngandika mring para dyija | paranbaya wahanane | gya Ajar Cêmaratunggal | munjuk sri naranata | jawi karsa dalêm prabu | wus sirna jati pusaka ||

12. dadya tandhaning praja di | nis wiryaning widaradya | hyun mahya ru-ara gêdhe | kawistara rèh pusaka | arda karya pêpeka | sêsmitaning Sukma [Su...]

--- 214 ---

[...kma] luhur | cocog rontal Jayabaya ||

13. Danisyara ing Kadhiri | tatkala panggih ngulama | Jêng Sultan Ngali sampune | risak prajèng Wilatigta | Jawa salin agama | bokmanawi mangkya timbul | wahananing nata Daha ||

14. manggut pêthuk kyana patih | hèh paman wiku sayugya | panarbukèsthi wus cocok | lan jangkaning Yyang Triyatra | ing panjênêngan nata | kusut lamun tinggal playu | yugya mangun brăngtayuda ||

15. kya patih mugut sabda ji | dhuh gustiku sri bathara | lêrês dhawuh dalêm katong | ratu musthikèng bawana | pun patih boya beda | sanadyan pun dasih lêbur | kêkah rumêksèng prajarja ||

16. jamak patihing narpati | brastha sarêng widaradya | pagasing jăngka rah miyos | katampèn siti nagara | dadya wêdhaking praja | rumăngsa kamuktèn ulun | tatkala nagri mulyarja ||

17. sinêmbah pinundhi-pundhi | ring narapraja na karya | wibawamba sebak rajèng | kalamun nagri ru-ara | panggah karya srah jiwa | mbotên ketang dados glêpung | mêkatên punggawa tama ||

18. wajib rumêksa duskarti | karti baya parangmuka | campuh băndawalèng kewoh | pêpatih nayaka wagtra | yèn mingkuh laku nistha | nisthip satruning dewa gung | patine manjing naraka ||

19. yèn punggawaning narpati | sarêng lêburnya lan praja | pati sumarah dewane | gêtih daging myang rasika |

--- [215]

wor kisma nèng nagara | mèstu risaking praja gung | kamuktyan gung tukar nyawa ||

20. usya rinêksa lyih tartip | yya katamèng duratmaka | nanging yèn wontên prang gêdhe | tansah kinarya bujona | tumadhah sara digbya | mung ngajab praptaning layu | tan ngeman brana garwatma ||

21. wus jamak wadya di murti | kaboyong garwatmanira | lamun griwamba wus pêdhot | wadya tawuran palagyan | kraos wus sirna brastha | punggawa pralayèng pupuh | atuk udan kêmbang-kêmbang ||

22. surapsara-surabsari | sung ranggona ewon lêgsan | mêthuk yitmakaning layon | pasêmon layu bandera | wèh tăndha unggul jaya | măngka tumêmpuh jiwèstu | angganing wadya tan singlar ||

23. gumyak pra bopati inggih | lêrês aturnya ki lurah | nadyan nayakèng kêraton | tan siwah pêngancasing tyas | tumênggung mantrimuka | kêdah palastra rumuhun | gusthika wor bangke kusya ||

24. jêng pamasa suka myat ngling | aturnya patih nayaka | rujuk panggah kêmput golong | sri narendra pasrangkara | hèh patih kayaparan | bab Ki Agêng Condhongcampur | dera gung manggih cintaka ||

25. tuwin para dyija rêsi | priye prayogyaning rêmbak | lah apa linarung bae | apa sinipên kiwala | rèh wus saru kang warna | Ki Supadriya Tumênggung | munjuk Gusti Dipaningrat ||

26. adhuh dewajining bumi | kajawi karsa narendra |

--- 216 ---

yogya linarung kimawon | winuryaning dhapur kina | dêdêg agêng alitnya | yèn linarung tan pakantuk | nyirnakkên pusakèng dunya ||

27. yèn sinimpên tan prayugi | botên wande dhandhang ngêlak | ngalup mangajab ing awon | mila kabibrah kiwala | tan milati krana[25] | dadya malih Condhongcampur | rèh minulyèng kara kina ||

28. dèntên kang kabubuh kardi | kawula tuwin pun kakang | Supagati sakancane | parak mantri kartisara | rujuk karsa narendra | kadhawuhan tata matut | sumaji sajèning kriya ||

29. wus kalêksanan miranti | pêpak prabot kartisara | miwah para mantri andhèr | Pangran Sêndhang saha putra | Ki Nom Guling Dipatya | Dipati Surèngrana wus | ing Jênu nèng byantarendra ||

30. samya umèstu nglagani | ring êmbah Ki Supadriya | mituhu rèh sapakone | wusnya mumalat dahana | nata maringkên katga | ligan Kyai Condhongcampur | mring Tumênggung Supadriya ||

31. matak aji ăngsa radi | dêdêr binuka wus mahya | Ki Condhongcampur dèn abong | manjing prapèn dupi tuwa | mawa prabèsmu jingga | pating klêpyur ijong biru | abang yayah diwangkara ||

32. winangwang-wang sinapit[26] | tumumpang paron dèn angkat- | kên pukul tumibèng paron | budi molah sebak nyawa | kyagêng mêsat ngabara [nga...]

--- 217 ---

[...bara] | nèng luhuring dhatu prabu | kliling yayah cakrènggana ||

33. têkap nginggiling capuri | midêr-midêr mawa syara | gora kêtug kitir ènjèr | nata patih myang nayaka | tumênga mèksi kasa | kadi surya kêmbar wujut | pasrangkara cêtha sora ||

34. wibèng[27] ngling mangerang maring | Sang Sinuwun Majalêngka | mangkana kyagêng sapdane | hèh Sang Prabu Brawijaya | sirardambêg niaya | karya gung rusiyèng kewuh | sun sinung mala di brama ||

35. kita tar dosa rèh juti | dene kinarya cintaka | rinusak yun kinaryawon | de mitnah midana sisya | atas karsaning sukma | wêsi sadarpa mituhu | hèh Sang Prabu Brawijaya ||

36. sirantuk dhêdhaning Widi | sirna kautamanira | wujut nir daya ginawe | siya-siya tanpa dosa | tan wande èru-ara | janma kèh pating bilulung | papuyêngan ngulon ngetan ||

37. ngalor ngidul ngupa urip | praja gêmpur kraton sirna | wus tan ana sêranane | hèh prabu sira lungoa | tinggala kuthanira | de sun arsa mulih ring sul | tinjomaya batharendra ||

38. wus muksya datan kaèksi | manampak ing rawismaya | ing sunyaruri tumamèng | kyagêng cinêngkah Yyang Endra | tan kêna wangsul asal | hèh balia Condhongcampur | sira wus dadi wisawa ||

39. rèh sira dhusthèng pakarti | dadya pusakaning lanat | lah lanturên tyasmu awon |

--- 218 ---

tan kêna sirambêg marta | kênèng sabda upata | salah deyanta manêluh | nganggo karêpmu priyăngga ||

40. dhawuhing Yyang Sidajati | dadi pusakaning lekak | awor lalêmbut kang asor | nèng antara bumi kasa | yèn tumrun dadi wisa | gya wangsul Ki Condhongcampur | dadya lekak têluhbraja ||

41. manyidra karti tan yukti | kayanganira nèng lintang | kumukus langgêng slamine | praptaning dina kiyamat | yèn lêledhang bawana | dadya antu têluh-têluh | gabag plênthing cacar wana ||

42. warnanên sri narapati | kang udyana nèng pungkuran | patih bupati arya kèh | panèwu mantri panêkar | myang rêsi dyijawara | mingsih supênuh mabukuh | munggèng ngarsaning narendra ||

43. têtela trang samya myarsi | syarèng pusaka kang musna | tur manglairkên jangkane | ubênging kraton yun rêngka | gêmpur rusak prajarja | jumnêng mungkasi sang prabu | mupus karsaning Triyatra ||

34. Pangkur

1. amung Radèn Patih Wahan | miwah para bupati kanan kering | sami panggah rèh pakewuh | ciptèng tyas sarêng brastha | rumăngsa yèn wus lami kamuktènipun | Patih Wahan matur nêmbah | pukulun sami sudhèng sih ||

2. sampun paduka nglong cipta | lamun wontên bêbaya gung dhatêngi | digbyambêg dirèng prang pupuh | campuh madyèng ranaga | dalêm patih punggawa para tumênggung | kang labuh wutah ludira | nanging paduka yya kongkih ||

3. nèng sadalêming mudraka |

--- 219 ---

lêlangêna badhaya lagsma srimpi | amba sakănca kang magut | dadya tawuring yuda | dene lamun kawula wus sirna layu | susawa wor bangke kuda | kaupadi tan pinanggih ||

4. paduka iku narendra | mboya kinging ngawaki ing ajurit | sayugya lolos sang prabu | nistha panjênêngan nata[28] | lamun ngantos watgata agêngnya murut | nèng samadyèning ranangga | atuk sikuning dewa di ||

5. caritaning Ramayana | tatkala Sri Dasamuka Narpati | Ngalêngka Sinuwun Prabu | ratyagung binathara | mêngsah lawan Rama titis Murti Wisnu | dadya syasya pralayèng prang | sinuraking dewa lêwih ||

6. kaèsi-èsi surabsa | mila datan sayogya majêng jurit | gêjawi patih tumênggung | pra arya narapraja | yèn wus layu sirna jênênging karatun | marma amba ngarsa-arsa | inggal kajăngka tumrapti ||

7. mênggah kraosing tyas kula | miwah para bupati wus anggalih | timbuling wirayat mashur | kang yun ngrêbasèng karsa | ing Bintara wontên drubigsambêg dudu | rintên ratri kêkumpulan | karya sandi ngêrbak ngèlmi ||

8. santri musibating jagat | kang arda gung bêbujuk dhusthèng budi | saru silaning tumuwuh | putra dalêm kabegal | mêndêm kapal mituhu parentah palsu | ngapus susilaning atata [ata...]

--- 220 ---

[...ta][29] | mangkya sampun angakuti ||

9. kanan keringing Bintara | kathah mèstu mamunah para sandi | janma kang tyasnya kasêdul | pantês sabaya pêjah | sangking manis luwês rèh tindaking tanduk | mila para naratama | têmah mantêp dadya santri ||

10. putra dalêm sapunika | kawistarèng gêgabah nara karti | kinarya prajurit tangguh | solah tênaganira | kasudiran ulah pêdhang biring dhuwung | kawula sampun nyudaka | manyindikakên pawarti ||

11. kabêkta nukarta para | mila mangke lamun sarêng karsa ji | putra dalêm dipun gêpuk | yya ngantos kalayatan | pami agni mupung dèrèng mubal murub | sinirêp kiwala nulya | para santri bubar gusis ||

12. dipun kathah ing kusyala | prajurit kang dirdeya manrang wèsthi | mênggah senapatènipun | dalêm kula priyăngga | rèhning têksih mawi nalar kêdah ngêjum | sri narendra angandika | bênêr aturira patih ||

13. nêmbah matur sang dipatya | Pêcattăndha ing jêng sri narapati | dhuh gusti kula kang agung | lamun parênging karsa | dèrèng yogya pêpatih kang majêng pupuh | manawi têksih kawula | pêpatih sasat nêrpati ||

14. mung matah ingêring wadya | myang gêgabah dhatêng para prajurit | nèng paglaran ngalun-alun | nampèni dhawuh nata | gusthi-gusthi sadaya pratikêl [pratikê...]

--- 221 ---

[...l] ayu | rumêksaning karaharjan | sangking pabudining patih ||

15. sênadyan nalar punika | têksih ngangge bêdhami mamrih yukti | tan kewran Dipati Têrung | yèn atuk barkah nata | langkung trustha jêng sinuwun mirsa atur | yèn mangkono Pêcattăndha | timbalana bae bêcik ||

16. sarana têmbung srangkara | lamun mêksa kakangira tan apti | apa sakarêpmu rampung | praptaning păncakara | lah ta uwis pradandana sakancamu | kang sumêkta sara digbya | mangêntar sukrêtyèng bumi ||

17. kang yun balila nata[30] | lawan malih sira kalilan ngampil | pusakanyar warni dhuwung | Kyai Sagarawedang | tinampanan dipati manêmbah nuwun | mangaraspada gya mêdal | bubaran sangking jro puri ||

18. ki patih lan pra nayaka | dupi prapta paglaran andhawuhi | têngara umyang gumuruh | tăndha ana sukarya | wus sumahab prajurit wira ngalumpuk | wantawis cacah tri nêmbang | samya gambirambêg wani ||

19. rèh wus olah pangajaran | samya gege inggalnya têmpuh jurit | mangkana dasihing ratu | bumyarda wiratama | ciptèng driya malês panjênêngan ratu | de wus lami mangun bawa | atur liru lara pati ||

20. tan ajrih wutah ludira | pagas ingkang griwa labuh narpati | wor bantala ăngga layu | marma para sudira | dupi mirêng têngara ayun prang pupuh [pu...]

--- 222 ---

[...puh] | suka bungah lir ginanjar | wastra sêsotya mas adi ||

21. kadi gabah ingintêran | poyang-paying prajurit ngupa tandhing | ting bilulung takon tutur | têmpuhing kartisara | para syarja ngalumpuk nèng alun-alun | tata pranatan balabar | sebak trunaning utami ||

22. wus busana warna-warna | kadya puspa mijani mèdêm enjing | wungu kumpul padha wungu | kuning jênar bang abang | seta seta ijo ijo rêta dadu | yayah girindra pawaka | kêclaping sara lir thathit ||

23. nèng alun-alun balabar | tata rakit bêbanjêngan urut glit | tumulya Dipati Têrung | tuwin rêkyana patya | pra nayaka tumênggung ing Majalangu | ngubêngi prajuritira | kanjêng rahadèn dipati ||

24. mahya sêbda priyêmbada | kadya ngimur wanita nèng jro kanthil | tan piniji sadayantuk | wicara hèh akănca | wiratama kang sayugya tamèng kewuh | sira wus lama kagabah | karoban pradana mili ||

25. boga wastra kang sarwedah | sampe cukup sarayat garwa siwi | lami wantara yusyamu | mangkana timudyarsa | duskartèng rat Bintara santri kêkumpul | yun ngêrbasèng prajanira | wong tampi dhawuhing gusti ||

26. sinuwun prabu sudigbya | dhawuh dalêm pasrah ring sira sami | ngukuhi praja biyantu | kulit dagingmu padha | katokêna pamalêsmu marang ratu | jêr naranata mung darma | kang aran kraton [krato...]

--- 223 ---

[...n] sirèki ||

27. kukuhana uripira | yya nganti wrah mahya sangking ing jisim | nanging ucule prajamu | yèn sira durung pagas | nadyan ingsun pêpatih para tumênggung | uga mangatas lir sira | mati urip wor prajurit ||

28. pira bara unggul ing prang | nadyan awor lamun punggawa lêwih | tan nêdya manêmbah têluk | suka lêbur wor kisma | lamun ora luhung wisma nèng wana gung | mangkono trahing surasma | kang bijagsa ulah budi ||

29. wus warata sakusyala | juga-juga tampi sajarwèng patih | sadaya tyasnyarda gargut | derambêg tega laya | kadhawuhan pra prajurit klilan mundur | ring sananta sewang-sowang[31] | enjang byar pukul nêm prapti ||

30. de senapatyèng ranaga | Sang Dipati Pêcattăndha prajurit | kang dadya manggalèng pupuh | nuli samya umangkat | mung kya patih kalawan para tumênggung | ingkang mêksih nèng paglaran | cumadhong dhawuh narpati ||

31. kunêng malih kawuwusa | para wali oliya samya prapti | nèng masjit Dêmak supênuh | Sunan Ngampèl wus prapta | Sunan Giri Sunan Benang Sunan Kudus | lan Jêng Sunan Kalijaga | tyin Pangeran Siti Abrit ||

32. Pangran Têmbayat Sèh Dumba | Pangran Modang ing Carbon sampun prapti | Sunan Wuryapada rawuh | Sèh Magrib Maolana | Sunan Gêsêng Sèh Bêthong lan [la...]

--- 224 ---

[...n] Sèh Mêjagung | pêpak nèng surambi atap | tumulya Radèn Dipati ||

33. Natapraja ing Bintara | rêraupan lan sagung para wali | satata caraning maklum | gya lênggah sang dipatya | wusnyantara dangu tumulya umatur | mring Jêng Mahgrib Maolana | kawula atur upaksi ||

34. mirêng pabrataning warta | yèn ing mangke Sinuwun Majapait | ngatur pirantining pupuh | nglêmpak pra prajurit kusya[32] | ingkang măngka manggala Dipati Têrung | kinèn nibali kawula | yèn mopo pinukul jurit ||

35. Jêng Sunan Ngampèl ngandika | yèn mêngkono jêbèng sira miranti | têpis iring lor lan kidul | myancêra wong pêrcalang | prajurit kang taruna sarta kang cancut | yèn prajurit Majalêngka | prapta inggal atur uning ||

36. dene prajurit Bintara | ingkang jaga pura myang kang garungi | mungguh manggalaning pupuh | kang baut nata gêlar | amêmatah pratikêl ingêring pupuh | Sunan Ngudung wira tama | mêthukkên Têrung Dipati ||

37. sarta ngagêman pusaka | kyai ăntrakusuma barkah nabi | têmbungên sarana ayu | lamun dhangan ing karsa | marang yayi Sèh Malaya yèn wus antuk | têmbe lamun maju ngrana | dadya sarat tyas kang miris ||

38. lawan malih jêbèng sira | anjaluka tulungan wong prajurit | Ki Gêtaspandhawa Tarub [Taru...] ||

--- 225 ---

[...b] | sak anane kasyala | kathah warga ajarên campuh prang pupuh | mungsuhira luwih awrat | kèh prajurit sêkti-sêkti ||

35. Pocung

1. lah ta jêbèng mundura sirarsa kundur | nuwun pamit sigra | praptèng dalêm anibali | kyai patih pangulu kalawan jagsa ||

2. wau Radèn Dipati Têrung kawuwus | enjing tata-tata | nêmbang têngara nêdyapti | nglagsanani dhawuhing narendra tama ||

3. sampun kumpul sadaya prajurit Têrung | cacah kawan nêmbang | bidhal yun sowan kya patih | gya wisata praptèng paglaran tumulya ||

4. wus cumundhuk lan kyana patih umatur | ki lurah kawula | sampun sumêkta ing kardi | bêkta wadya Têrung cacah kawan sasra ||

5. ngandika rum kya patih lan Dipati Trung | anggèr prayuginya | sowan ngarsaning narpati | nyuwun idin pangèstu bêrkah narendra ||

6. gya sarimbit lumêbèng jroning kudhatun | byantarèng pamasa | kya patih munjuk wotsari | dhuh sang prabu pun Têrung ngatas karsendra ||

7. arsa mikut pun santri kang arda kanut | gama siya-siya | Bintara kang ambêg juti | lamun mopo yêkti karampas ngayuda ||

8. kang sinuwun ngandika hèh Dipati Trung | kakangira Patah |

--- 226 ---

nadyan balela narpati | timbalana srana ari madubranta ||

9. lamun mogok apa sak karsanta rampung | nadyan têkèng dêrdah | păncakara rêbut sêkti | sakarsanta wus ukume wong balela ||

10. rèh lakumu kanthi nalar durung têmtu | manawa têmah prang | marma gawaa prajurit | têlung nêmbang kusyala ing Wilatikta ||

11. de wadyamu akèh kêdhik sakarêpmu | nêmbah sang dipatya | kawula sampun miranti | kawan èwu pêpilihan wira toma ||

12. pra bupati tur tabe muji lêstantun | umahya wus pacak | wira tama Maospait | bidhal ngulon sêdyanira[33] ||

13. nèng dêlanggung ngampak-ampak sebak sulung | wastra warna-warna | pistul sanjata bumbardhil | kalataka katga tumbak rupa-rupa ||

14. kang katuju bumi gojang-gajing waglut | kirdhaning kusyala | tumbak ngumpul lawan biring | pêdhang lamêng jêparing busur sênapan ||

15. Dipati Trung nitih kuda dadya cucuk | tan cinitrèng marga | Glagah Bintara wus prapti | masanggrahan tata tarub makangjangan ||

16. kang kawuwus pêcalang Bintara wus wruh | sarakèh wus prapta | wadya gung ing Majapait | sigra-sigra mring Dêmak atur uninga ||

17. nulya munjuk sasolahnya bêrsih

--- 227 ---

katur | wadya Bintara[34] | têngaranya wus kapyarsi | ngong wêntawis wadya kusyala wus cêlak ||

18. wus angrasuk sikêp gêgamaning pupuh | pratiwèng Bintara | yayah buta munah daging | ting bargigih katgadambêk bratayuda ||

19. samya kirab kumrap nèng madyèng dalanggung | sikêp astra digbya | samana radyan dipati | gya pêrgandring wara pinituwa praja ||

20. ki pangulu jagsa patih lugyèng ngayun | ngandika dipatya | lah paman kadi punapi | datan wande ing mangke wus dadya aprang ||

21. yugya tunggu ngatèni pamukulipun | Patih Wanasalam | umatur sang adipati | prayugine tuwan paduka utusan ||

22. paring sêrat dhumatêng rayi pukulun | senapatènira | tur rayi dalêm pribadi | yèn panuju tinibalan sinrah praja ||

23. kinèn matut mêmatah kang dèrèng patut | jro nagri Bintara | yya gandhulan ratu kapir | ing Bintara botên kirang kanikmatan ||

24. tandya anut dipati patih kang atur | sigra ngasta rontal | manitra sêmona dadi | gya nyundaka mantri wêrda yitne bala ||

25. canma[35] catur lumaksana srat wus katur | ring Sang Pêcattăndha | kang makuwon têpis iring | wus katampan sinumèng jroning wardaya ||

26. mèsêm muwus hèh duta sakêthi nuwun | ingsun katimbalan | mring kakang mas adipati | yèn wus sirna Majapait tur sandika ||

27. Dipati [Di...]

--- 228 ---

[...pati] Trung karya wilapa sul-angsul | manitèng supatra | kathah têmbayaning tulis | sampun rampung sinungkên marang caraka ||

28. mantri catur wus sinangonan mas catur | linilan lagsana | tantra nèng marga lêstari | malbèng kitha Bintara panggih dipatya ||

29. gya umatur dènira kirdha kautus | antuk wangsulan srat | lah punika ingkang tulis | wus tinampan mangkona têmbayèng sastra ||

30. ingkang sêmbah pangabêkti rinta Têrung | Arya Pêcattăndha | saha ingkang binupati | wadya Wilatikta manggalaning yuda ||

31. kula sampun nupiksa ungêling têmbung | pustaka paduka | nibali amba pinurih | malik cipta kinèn ngukiri narendra ||

32. rèhning kupur karsa padukamba mèstu | mring paduka kangmas | sinrahan Bintara nagri | sangêt suka sokur kapundhi mustaka ||

33. nanging nuwun-nuwun mopo satus mliyun | kula atmèng tama | rêbêsing madu tan ajrih | lara pati ngantêpi sabda wus mahya ||

34. Jêng Sinuwun Maospait sihnya klangkung | sung dana wimala | winiwaha tur têrsna sih | winisudha dipati pinaring kitha ||

35. wantrang dangu kawiryan kawula wêngku | mangke wontên karya | wigati rêntênging bumi | gêtih daging kula saoskên sang nata ||

36. jiwatmèstu kasrah jêng sinuwun prabu | rintên ratri ngajap [ngaja...]

--- 229 ---

[...p] | payu prajarja surabti | ing ciptamba boya ngeman kadang warga ||

37. satriyatus trahing wirya kalbu kukuh | pantês panggah praja | ngêkahi tumadhah pati | nagri sirna musthi sarêng griwa kula ||

38. boya ketung tekade prajurit anung | rêmuk wor buntala | nadyan ratu Buda kapir | boya merang makatên trah danisyara ||

39. botên pisan-pisan kula nêdya nungkul | mring kitha Bintara | kula dede janma nisthip | trahing dama pidak dede pêkir papa ||

40. ratu agung binathara sudigbya nung | antero rat Jawa | budyadi mangulah yugi | adil palamarta galih nyamahita ||

41. para wadu gung alit dana lumintu | kèh wastra bagsana | kirang karya kawratên sih | mila wadya gung alit pasrah jiwatma ||

42. samya ngayu karti wigati toh gulu | gumlung wor buntala | manrang baya manjing wêsthi | ciptaning tyas sarênga lêbur prajarja ||

43. pra tumênggung adipati kadi ulun | tan ginggang sakesya | lair botên ngudi yukti | kawistara lami dènnya mangun bawa ||

44. datan ketung garwatma brayat kang kantun | yun anggulang durta | kang karyarda dhusthèng bumi | mrih ru-ara gêmpalên praja kêrtarta ||

45. radi ngungun yèn paduka ingkang mangun | murwani tyas jahat | mituhu tekading santri | Majapait yêkti kagungan paduka ||

--- 230 ---

46. kirang bagus nênuwun sih arda ngêrbut | têmah drajag sêngkan | sabar nrima tan ginalih | santri apa tekate kirang pêrcaya ||

47. lampah ulun mangkya ingutus sang prabu | jêng rama paduka | kakang mas dipun timbali | lamun mopo paduka têtêp balela ||

48. durtèng ratu mêsthi tan yugya pinangguh | kakang mas sumăngga | kula turi sowan maring | Majalêngka manêmbah rama paduka ||

49. nadyan minta nênuwun wahyèng karatun | botên kirang marga | jumênêngira narpati | sampun srana ngingiskên gama utama ||

50. boya pêrlu mêrdi wong nêmbah Yyang Agung | ngatasing bijagsa | marsudi midana juti | yya na durga kabrastha mamrih nukarta ||

51. paduka nung trahing widaradya agung | ngrêgsaka mêmala | wusana kangmas ngubungi | sangêt-sangêt tur kawula kagaliha ||

52. yèn tan arsa kula irit malbèng kratun | têmah kula pêksa | mahyakkên guna kasêktin | wisatamba sampun ngampil wênang nata ||

53. sampun kogug kêdah mêngsah lan pukulun | campuh ranagana | èngêta lêpiyan dhingin | Dananjaya Suryatmaja ngudi laya ||

54. tur sadulur kadya paduka lan ulun | èngêt rèh kusuma | wiryadi yanjana murti | botên ngeman ragatma ocat wor

--- 231 ---

kisma ||

55. awit sampun kalajêng kamuktènipun | nèng nagri Ngastina | winisudhèng adipati | dèn antêpi makatên trahing kusuma ||

56. wus tan ketang antuk siksa nraka jakum | ing dunya dêlahan | Dipati Karna nyanggêmi | tur wus priksa nagri Ngastina yun sirna ||

57. nadyan ulun wus mirsa jangkaning kratun | rontal Jayabaya | tyin wirayat dyija rêsi | pandhita kang wus wicagsana nirmala ||

58. sampun mashur kratos[36] Maospait gêmpur | ramanta narendra | jumênêng nata mungkasi | rèhning kula trahing wirya labuh kusya ||

59. dadya glêpung srabut pinra satus mliyun | boya melik gêsang | yayah wran dama malar sih | traujogan amrih lêstarining badan ||

60. urip lothung têluk ngabêkti tyas bubut | wirang lamun pêjah | ala-ala anggêr urip | tan prayuga pinarêkkên mismèng[37] praja ||

36. Asmaradana

1. yèn turasing dana warih | rêbêsing madu subrata | ngantêpi pangawulane | ing têmbe kawula arsa | têluk dhatêng Bintara | yèn Majapait wus gêmpur | banjir rah sarah kunarpa ||

2. datan mawi dèn timbali | yaktyamba dhatêng priyăngga | bongkok bêdhil pêdhang waos | apasang bandera seta | tăndha yèn asor yuda | umèstu [umè...]

--- 232 ---

[...stu] manrahkên gulu | ngaturakên pêjah gêsang ||

3. wangsul kangmas kadipundi | tinibalan jêng ramendra | punapa karsa lan mopo | yèn kangmas tan arsa sowan | antawis kalih dina | kados tan manggih rahayu | kalataka musti munya ||

4. titi têmbayaning tulis | ping sajuga wulan Kasa | julungpujut taliwangke | mawulu surya sangkala | nyêmbah janma tri karna |[38] katandhan Dipati Têrung | rinta Arya Pêcattăndha ||

5. wusnya nis manumèng tulis | rontal ingaturkên sigra | kunjuk Jêng Sinuwun Ngampèl | warata wali sadaya | ganti-ganti nupiksa | Sunan Carbon ngandika rum | hèh Dipati Natapraja ||

6. arinta Têrung Dipati | tuhu widagdèng lukita | pantês pramodaning kewoh | poma yya sêrik tyasira | surasaning wilapa | nora luwih pratikêlmu | sarat kartining ronangga ||

7. pêthukna madyaning jurit | rèh prawira tan tumama | dening manggalaning kewoh | Sunan Kudus kang bijagsa | ngrasuk ăntrakusuma | kang ngrakit gêlaring pupuh | wus byantu para oliya ||

8. jêbèng yya sira ngawaki | rèhning dipati tan kêna | ginggi mahya sangking kraton | hèh Kudus apa kaduga | panggah tanggap sukarya | sandika Jêng Sunan Kudus | mêngsah lan pun Pêcattăndha ||

9. prang rintên ratri tan ajrih | yèn ngrasuk ăntrakusuma | kanang arda gung sawabe |

--- 233 ---

nadyan mêngsaha mayuta | prajurit Majalêngka | boya wêgah yèn trus ngrasuk | sultan ni ăntrakusuma ||

10. Sang Natapraja Dipati | sigra angundhangi bala | têngara umyang syarane | kang măngka pra witama[39] | Kyagêng Gêtaspandhawa | lan Ngabèi Ănggaranu | kalawan Ki Suranata ||

11. ngrasuk sêrban jubah putih | enjing wus sumêktèng yuda | Jêng Sunan Kudus agême | sêrban wungu ngrasuk wastra | kyai ăntrakusuma | kaos cênela linuhung | yayah malekat mèt nyawa ||

12. gunggungnya prajurit santri | tri nêmbang klêmbu kang rucah | wus miranti prayitnane | gya bidhal mring pabaratan | jêng sunan nitih kuda | gumrudug tilawat umung | bêdhug têrbang sulawatan ||

13. ingkang wirit dèrèng lami | katênta Budane kawak | tilawate kagok sidhèn | kapyarsa jalma ing Dêmak | os kowe ngucap apa | kang sinêrêng cêp tan muwus | ih kula têksih katênta ||

14. lagu srokal kang bawani | catur santri misu sarak | nèng ara-ara wus jèjèr | cakêp trampil cakut yayah | suldhadhu Batawiyah | warnanên Dipati Têrung | èngêt dènnya tur supatra ||

15. mring raka sang adipati | antara wus kalih dina | datan ana wangsulane | mangudasmarèng wardaya | gênah kangmas balela [ba...]

--- 234 ---

[...lela] | sigra nêmbang têngara sru | wadya astha sasra tata ||

16. kasaru wau kang prapti | pacalang juga tur priksa | yèn gaman Bintara rawoh | nèng prabatan têgal wiyar | senapati oliya | nitih kuda sarban wungu | songsong seta sèrèt prada ||

17. kagyat Sang Têrung Dipati | wantu tyas sura kasmala | sigra bidhal sawadyane | sura yayah partyandaka | wus yun-ayunan gêlar | nêmpuh wran ing Majalangu | lir digtya măngsa kunarpa ||

18. samya cakutnyambêg pati | wong Bintara Majalêngka | samya wuru nirdyèng wante | kosok gadhi bênthak watang | dangu antaranira | Jêng Sunan Kudus katuju | watgata madyèng ronangga ||

19. tatu jaja tantra lalis | ginosongan prajuritnya | wadya ing Bintara lolos | rèh senapati pralaya | kasaput ratri nulya | mundur wadya Majalangu | kang pêjah mung sawêntara ||

20. tandya kusyala tur uning | yèn Jêng Sunan Ngudung lena | umung para wali kabèh | maca slawat dunga trasah | nurbuwat waliyolah | kasah basmah bala sèwu | Jêng Sunan Benang ngandika ||

21. wruhamu para prajurit | jêbèng Kudus marma seda | têkabur kibir wahyane | sukèng tyas mangrasuk wastra | kyai ăntrakusuma | marma tan kênèng têkabur | ujubriya

--- 235 ---

lan sumêngah ||

22. wus pira-pira palupi | tatkala jêng nabi duta | kasiku pangandikane | nalika prang lawan lakat | mingkis rasukan nêbda | yèn isih paman wong agung | kambah ingsun nora wêgah ||

23. tantra sêsiku gung prapti | sarira dalêm sangsara | klêbèng guwa prangnya kasor | katuju èngêt martobat | ring Yyang Kang Murbèng Jagat | bagya nabi antuk ampun | sudigbya unggul ronangga ||

24. jêbèng Kudus tanpa eling | wahyaning ngling ngagêm jimat | ăntrakusuma bêg kaot | ananging iku tan kêna | katutuh têkdirolah | nora luwih amung sokur | dene sira sabillolah ||

25. bagya layoning ulami | pêrang lawan kapir kawak | atuk ganjaran kinaot | nulya rahadyan dipatya | umatur mring pra iman | sintên kang prayagi nambung | angêjum kumbala wudhar ||

26. punapa kula pribadi | ngandika Jêng Sunan Benang | bêcik kang tinata sarèh | wadya kang miris tyasira | miwah kang anyar prapta | jêbèng sira ayya magut | dene gantining manggala ||

27. sumanggakna para wali | mangke karsaning oliya | yun nyampurnakkên layone | jêng sunan ingkang pralaya | nèng madyaning [ma...]

--- 236 ---

[...dyaning] ranangga | lah wis muliha sirèku | sigra mundur sang dipatya ||

28. praptèng Bintara ngundhangi | mring pra prawira tamtama | warnanên miwaha layon | pante sawa wus sumêkta | malbèng krêndhawahana | ingiring lagsanèng kubur | pra ngulama mudyasmara ||

29. pinêtak sakilèn masjit | wusnya nis rèh paripurna | pra wali rujuk karsane | kang kabanjêl madyèng rana | sayugyatmajanira | Bagus Kusman majèng Kudus | gumantya kanang sudarma ||

30. winisudha kasbut wali | nunggak sêmi ingkang asma | sampun dadya pargandringe | Dyan Kusman gya tinibalan | kerit ngarsèng Jêng Benang | liningan sêbda hèh kulup | sira tuk sihing oliya ||

31. pan wus sabyantu pra wali | ing Jawa saeka karsa | jêbèng sira kawisudhèng | jumênêng pangran nèng Dêmak | tan pae lan ramanta | kasêbut Jêng Sunan Kudus | dèn amini pra oliya ||

32. kang sinung sabda tur inggih | kapundhi êbun mustaka | suka sokur ing Yyang Manon | nulya pra wali sadaya | nuju ari Jumuwah | yun gusthi ingêring pupuh | pêpak nèng masjit ngalêmpak ||

33. sang nata praja miranti | lan Kyagêng Gêtaspandhawa | Ki Wanasalam sumaos | sêdene Kudus Jêng Pangran | ngandika Sèh Mulana | Mahgrib maring para jamhur | kaya priye pamunah prang ||

--- 237 ---

34. akèh wadya Majapait | kang surambêg wiratama | bupati gêgaman ewon | nadyan kêrig wong Bintara | jalu tuwin wanita | mêksih jitus tandhingipun | măngsa găndraa sapira ||

35. kapriye marganing inggil | prajurite janma rucah | campuh ing kewoh tandhane | senapatine pralaya | prajurit santri bubar | brêtatana panggah kantun | yèku wadya santri desa ||

36. Jêng Sunan Benang nambung ling | bab lampahe prang punika | tan wontên srana sarate | èsthi kula mung dyi warna | kang kinging linampahan | sapisan pasrah Yyang Agung | myang sarat sirêping mêngsah ||

37. kaping kalih sarat pripih | sarana sêbda maonah | pakartinya Sun Ngampèl[40] | dhatêng nagri Majalêngka | nyamur sampun kêtara | amangsah pagunanipun | srana istyar srêping janma ||

38. mêngsah-mêngsah sadayaning | Bintara yèn campuh ing prang | winayahna bakitane | paran dènira kajibah | panggah suraning laga | mangêjum wêdharing wadu | kanji sedaning manggala ||

39. kêjawi catur priyayi | sajuga kang minggah anyar | tur ngudi tuwuh ramane | Pangran Kudus kang wus muksya | kalih Ki Suranata | tri Gêtaspandhawa Tarub | Ki Ănggaranu kapatnya ||

40. sakawan punika yogi | damêl karampunganing [karampung...]

--- 238 ---

[...aning] prang | ngatingalna kadigbyane | matah mêmatut prawira | gêgasah tyasing brêtya | ing Bintara mung puniku | kang wus kèksi wirya tama ||

41. Ki Gêtaspandhawa tampi | Pangran Ngudung Suranata | Ănggaranu samya ture | boya ketang nis jiwangga | layu madyèng ronangga | rêmuk ajur dadya glêpung | sakesya tan wancak driya ||

42. lah uwis mundura kaki | rêrigên campuhing aprang | benjang punapa yugyane | de jêbèng sira Malaya | yugya pasanga srana | lairna kabudayanmu | murih ungguling ayuda ||

43. sandika ingkang sinung ling | Dyan Dipati Natapraja | mundur tyin Jêng Sunan Lèpèn | gya lagsana tanpa rowang | mangetan karsanira | mring nagari Majalangu | nèng marga masang sarana ||

44. samana Jêng Sunan Kali | praptèng praja Tuban nulya | jujug Ki Supa wismane | kang aran Pangeran Sêndhang | pinuju anèng wisma | Ki Supa mangrakul suku | jêng sunan tumulya lênggah ||

45. gya ngandika arum manis | hèh Supa atmajanira | Ki Ênom undangên age | kalawan Ki Surèngrona | warahên ana karya | wigati kang rada samun | yya nganti na janma wikan ||

46. Supa wus waskithèng wèsthi | utusan sisya pracaya | nibali ibnu karwage | ring Jênu Guling lagsana | lêstari lampahira | prapta liningan pamuwus |

--- 239 ---

kerit kêkalih dipatya ||

47. sampun prapta Majapait | Tuban wismaning sudarma | tata manêmbah sakaro | jêng sunan nulya ngandika | hèh Supa wruhanira | praptèngsun ayun katêmu | sira lawan atmajanta ||

48. pêrlu sung wruh kita sami | mangke ingêring bawana | wus parêk jaman jangkane | praja Wilatikna sirna | kèri sawantra dina | yun pulastha tan pikantuk | iku jangkaning oliya ||

49. sêdene pra dyija rêsi | kang bijagsa tyas nirmala | tan pae lan ngula kyèh[41] | brastha karatoning Buda | ngalih marang Bintara | murwani jumênêng ratu | ing Jawa panatagama ||

50. Islam Rab gamaning nabi | nêbut kalimah tayibah | sing karsèngsun Supa kowe | ibnu lan rubiyahira | inggal sira miruda | lamun tan mêngkono katut | pralaya madyèng ronangga ||

51. sakulawargamu sami | iridên marang Mantaram | besuk pasthi dadi kraton | ing mangke mêksih dadyalas | sira babat-babata | nèng Mantaram adhêdhukuh | manawantuk wahyu kobra ||

52. kaping pindho ingsun arsi | mubêng radya Majalêngka | pasang jimat maju pate | liya têngah yya katara | dimèn padha miruda | murut ring kayanganipun | nêtêpi muksyaning Buda ||

53. sun pasang sawêngi iki | hèh Supa ingsun atêrna [atêr...]

--- 240 ---

[...na] | kang bêcik êndi ênggone | jêbèng ro karia padha | jêng sunan lumaksana | dalu Supa atut pungkur | wus prapta pojok pracima ||

54. muhung warnining sêmail | kropak cinitrèng kênaka | rajah janma nungsang roro | lagnyana ungkur-ungkuran | tur srana tulang tukang | pinêndhêm siniram ranu | măntra hong ilahèng kurdha ||

55. ora ta purwantara wis | wijang wrata lima têngah | tantara ro wringin gone | dupi wus rampung mikara | mundur Jêng Sunan Jaga | ing ratri tumulya jujug | wismane Pangeran Sêndhang ||

56. putra kalih têksih nganti | Ki Nom lan Ki Surèngrona | Jêng Sunan Kali sabdane | hèh Sura Jênu Dipatya | kasusrèng rat bijagsa | putus munah betal makmur | mahya wêsi pamor waja ||

57. coba sun karyakna kaki | cothèn anggoning oliya | sakarsanta prayogane | kang liningan tur sandika | sindhakêp suku tunggal | pănca pranawa tinutup | mahya wêsi pamor waja ||

58. cinandhak tinukêl dadi | katga sajuga luk lima | gandhik panjang mawi grènèng | sêkar kacang lambe gajah | rêspati wilis rêta | jêng sunan ngandika arum | iki kêris dhapur apa ||

59. matur borong amba darmi | mung mèstu dhawuh panduka | dados punapa sêdyane [sêdya...]

--- 241 ---

[...ne] | Kanjêng Malaya ngandika | kêbo lajêr dhapurnya | sarta yun wèhi jajuluk | Kyai Maesapanular ||

60. kaki sun gawèkna malih | kêndhali wahana kuda | ingkang kaya wêsi kiye | sêndika Sang Surèngrona | musus cipta wus dadya | sajuga ebat kang dulu | ing lyan mulat brontasmara ||

61. kêndhali sinung kakêsih | dening Sunan Kalijaga | Ki Macanguguh namane | pantês agêming narendra | pramodaning rat Jawa | ing têmbe turun-tumurun | Kanjêng Mêlaya ngandika ||

62. wis Supa ingsun yun mulih | kèria basuki arja | mahya plas wus datan katon | samana Jêng Sunan Jaga | wus prapta ing Bintara | radèn dipati anuju | gusthi ingêring ayuda ||

63. kasaru jêng sunan prapti | sadaya kang lênggah kurmat | satata Sinuwun Lèpèn | ngandika hèh jêbèng inggal | nuli magutna wadya | yya na kang sumêlang kewuh | mungsuh wus sun kèhi srana ||

64. sêdene ing Majapait | maju pat kalima têngah | dadya wruha sira kabèh | para pratiwa Bintara | yya wancak ati suda | kajaba pêsthi wus tamtu | Brawijaya nis manendra ||

65. lan malih jêbèng sirèki | sira sun wèhi bituwah | kêndhali bêcik wangune | tur kêna [kê...]

--- 242 ---

[...na] karya pusaka | tumrah tumruning nata | wasta Kyai Macanguguh | wus ambarsa tundhuh Benang ||

37. Durma

1. gya lagsana Sèh Mlaya panggih Jêng Benang | lênggah anèng surambi | pêpak pra oliya | matur Jêng Kalijaga | ing purwa madya mêkasi | wali ngulama | samya jumurung amin ||

2. suka sokur mring Jêng Sunan Kalijaga | dènnya mahyakkên pripih | warnanên rahadyan | Dipati Natapraja | enjing suwarèng ajurit | nêmbang têngara | brêtya sumêktèng kardi ||

3. sikêp astra sunapan tumbak candrasa | katga gada lan bindi | ngalun-alun blabar | busana cara Arab | ingkang măngka senapati | Jêng Ngudung Pangran | mêksih taruna pêkik ||

4. Kyi Gêtaspandhawa lan Suranata[42] | Ogaranu[43] Ngabèi | jubah sêrban seta | pratăndha srah jiwangga | syandana wajik rêspati | dirèng tênaga | ciptèng tyas lir punagi ||

5. dene wadya Bintara mung kalih sasra | dyi nêmbang jalma sabil | santri kalih wrêda | sadarpa ngajab laya | sabil dêdalan Hyang Widi | madhêp pracima | tekat agulung pati ||

6. wus tan ketang rubiyah ibnu nèng wisma | malah wus dèn slamêti | surtanah tri dina | sapta ri kawan dasa | nyatus mêndhak ngaping kaping kalih[44] | nyèwu pratăndha | eklas rêjasèng pati ||

7. nulya bidhal [bidha...]

--- 243 ---

[...l] praptèng prabatan ronangga | wus tata pacak baris | warnanên sang sena- | pati Têrung Dipatya | sampun ingaturan uning | wadya Bintara | wus samya tata baris ||

8. abêlabar sebak kuntul nèng madyèng tlar | Têrung Sang Adipati | dhawuh mring kusyala | kinèn nêmbang têngara | syara jrit karêngèng langit | pan wus sumêkta | brêta ing Majapait ||

9. astha nêmbang gabakbag baris têmbing wetan[45] | busana warni-warni | astra tumbak pêdhang | ganjur bindi jatmaka | kalataka myang bunbardhil | Sang Pêcattăndha | nitih kula[46] malangkrik ||

10. ngasta pêdhang ngubêngi gunging kusyala | yèn tinon sangking têbih | lir raja bonapatya[47] | yitnambêg maha digbya | ngumbar kasuraning pati | mila tan siwah | lan nampuliyun Paris ||

11. sru sêsumbar Sang Pêcattăndha Dipatya | hèh majua wong santri | glah-glahing bawana | prang tan nglaras prakara | lir raryangon tuna budi | tan wurung sira | wutah sêga kêndhuri ||

12. iya iki piandêle sri narendra | Sinuwun Majapait | pasrah mugut usya | kawinangkên midana | pêsthèkna patimu santri | wong ngrusak tata | gêmpal kêrtartèng bumi ||

13. sira iku durung wruh planggêraning rat | karya prang datanpa wit | purwa mèt agama | dudu patraping praja | sira

--- 244 ---

mêndêm lapal kadis | Kuran myang kitab | tuture kok gandhuli ||

14. têmah kita ngukiri ratuku Jawa | kang bèrbudyambêg niti | gunardikèng sastra | kang digbya pramabasa | asih ring dewa linuwih | kowe kabegal | nêmbah rasullolahi ||

15. kaya priye bedane Allah lan dewa | pagene sira santri | salin sasêmbahan | apa sira tan wirang | wruh gêbyaring surya sasi | salin agama | kowe wran cupêt budi ||

16. sira iku wong Jawa edan sarengat | brata sêmbahyang mahgrib | ngong mêndêm Mukamat | cininthung ing oliya | anut para nabi wali | kapus ngulama | kabujuk santri nisthip ||

17. wuru sadad kombêng marang malaekat | prangsangatimu yakti | coba têkakêna | ya ingsun Pêcattăndha | aja manèh sira siwi | nguni ramanta | Sunan Kudus ngêmasi ||

18. dupi mirêng prajurit santri tatela | sumbarnya senapati | Têrung Pêcattăndha | ngundhat silaning gama | malah anggurenda santri | ngamuk manêngah | lir ngangrang nêmpuh wani ||

19. gulêt gulung gumolong sajuga karsa | dera santri srah pati | riwut tanbuh rowang | masya muji Lah-Allah | wong Wilatikta nadhahi | sanjata tumbak | kalataka bumbardhil ||

20. nanging tanpa budaya wit mimis klangkah |

--- 245 ---

samya tumibèng wuri | kawêkèn tyasira | brêtya ing Majalêngka | ngadhêlong kathah ngêmasi | sang senapatya | waskithèng angabani ||

21. alon mundur nanging klèru pamiyarsa | mlayu tinggal bumbardhil | maryêm kalataka | tigar tumbak binuwang | bubar larut ngungsi urip | pating balêsar | bubrah tataning baris ||

22. sang dipati têmahan kari anggana | nyamêthi kudanya glis | nusul wadyanira | aba kinèn mandhêga | pra prajurit nanolih[48] | mangudi gêsang | katêmpuh dening santri ||

23. samya gêndring lumayu arêbut gêsang | jlalatan ngupa margi | dupyantara bêthat | malbèng wana trataban | ana ngidul manrang wukir | nilar manggala | nora mut senapati ||

24. kèhing santri bêrêk yayah singalodra | sami muji Yyang Widi | nêbut Allah Allah | bendrong tigar klataka | wuwusên Têrung Dipati | kesisan bala | mung kari gangsal biting ||

25. iya iku kabule jimat sêrona | maonahnya Jêng Kali | wadya Wilatikta | bingung tanpa jamuga | sadarpa tyasira jirih | kèh kamigilan | dening trajanging santri ||

26. gya mangetan wadya Majalêngka arsa | mantuk ring Majapait | kathah kang kabranan | samarga-marga suda | minggok [ming...]

--- 246 ---

[...gok] umanjing wanadri | wadya Bintara | saya kèh tambah kanthi ||

27. wong padesan kanan kering pinggir marga | umèstu marang santri | dilalah karsèng Dad | ingkang samingun basar | ngudanèni pra ngulami | sarta abuka | kêmadèn jimat pripih ||

28. saranane gunasti Jêng Kalijaga | dadak wong Majapait | arda kamigilan | sangking aji kêmayan | tantara lami tumrapti | têtirah praja | laju manjing nagari ||

29. Sang Dipati Têrung sangêt kagawokan | solah prajurit tintrin | apa krananira | sirna panyakrabawa | gya dèn etung pra prajurit | kantun kalih blah | laju malbèng sitinggil ||

30. yun kêpanggya kalawan rêkyana patya | tur pariksa manawi | tiwas ing ronangga | arya mantri kèh laya | prajurit katun sakêdhik | warnanên para | santri kang ngudi pati ||

31. samya kandhêg anèng sajawining kitha | dhawuhnya senapati | Kudus Jêng Pangeran | mring piniwrêda bala | lah kakang Gêtaspêndhawi | sumăngga samya | kinêpung dèn ubêngi ||

32. de pun kakang baris sakilèning kitha | wetan kula pribadi | kidul Suranata | Ogaranu utara | yèn wong Majapait mijil | gya kabêstoa | pinugut lungaya nis ||

33. dene lamun nêbut kalimah tayibah | dèn uripana sami |

--- 247 ---

tri matur sandika | lumaksana wus tata | paju pat kêbak wong santri | tur tambah kathah | wit barkahing paripih ||

34. warnanên Sang Dipati Têrung Dipatya | tundhuk sang nindyamantri | amatur trus têrang | purwa mandya wusana | sadarpa ngungun tyas patih | tandya manêbda | wawit gèr atur uning ||

35. jêng pamasa munjuk saniskaranira | dèn ta mangêntir santri | marang ing Bintara | tiwas tanpa budaya | kênèng kêmaning santri[49] | sigra lagsana | dyan patih malbèng puri ||

36. sarêng lawan Dipati Trung Pêcattăndha | lunggyèng ngèmpèr pandhapi | ing sanasewaka | wling ngunjuk nyai lurah | katur kanjêng sri bupati | antuk tibalan | nata lagya sêmèdi ||

37. Kyana Patih Dipati Trung sigra mandhap | praptèng paglaran gusthi | lan para nayaka | yun ngundurakên mêngsah | ingkang ngêpung Majapait | warnanên para | punggawa jro nagari ||

38. prarya mantri panèwu panatus răngga | panêkar dêmang sêndhi | ngêdhap manahira | miris kêkês mangraras | sadaya mangucap ajrih | warnanên pura | kanjêng pangran dipati ||

39. Budhan Srati panggya lawan Patih Wahan | ngandika arum manis | marang dyan patya[50] | paran prayoganira | mungsuh santri tanpa wilis | mangrapit kitha | paran pikirmu patih ||

--- 248 ---

40. patih matur dhuh gusti pangran dipatya | ing dintên benjing enjing | karyaa rampungan | pêputusaning pêrang | kawula pyambak ngawahi[51] | mangêntar mêngsah | birat sagung wong santri ||

41. jêng paduka sampun mahya sangking pura | lamun maksih pun patih | gya kundur jêng pangran | manjing dhatu susaya | warnanên punggawa nagri | Pangeran Sêndhang | ngalêmpakakên siwi ||

42. Si Dipati Surèngrona Jênu kitha | Ki Nom Dipati Guling | wus pêpak sadaya | anèng dalêmnya Supa | Pangeran Sêndhang nêbda ris | lah sutaningwang | kabèh payo sun irit ||

43. marang tanah Mêntaram babati wana | mèstu sabdaning wali | Sunan Kalijaga | Ki Nom matur sandika | mung Surèngrona Dipati | nêbda mring rama | kula botên mèstuti ||

44. kula kêdah belani rusaking praja | nagari Majapait | gung paring wiryarja | misudha adipatya | tur tinriman putra adi | kados pudyamba | mungkir cidryèng narpati ||

45. lamun rama ing mangke kêdah miruda | kawula jumrung amin | botên langkung amba | mung minta sih widada | samana Supa wus mranti | sagarwa putra | nulya lolos ing wêngi ||

46. kathah sisya jalyèstri samya tut wutat | miwah pra magêrsari | lêstari kirdhanya | prapta wona Mantaram | warnanên kang mêksih kari | Sang Surèngrana |

--- 249 ---

lan lagsma manjing puri ||

47. ing byantaranira kanjêng sri narendra | ngandika arum manis | Surèngrana sira | milu labuh nagara | angatokêna jayasti | pambudènira | sirnaning para santri ||

48. eca lagya imbal sabda ana warta | kunjuk jêng sri bupati | lamun Kyai Supa | sagarwatma miruda | para sisya magêrsari | dalu miruda | kathah mantri tut wingking ||

49. sang dipati ing Guling tumut miruda | kilap sêdyaning kapti | duka sang sudigbya | mahya ingkang supata | pêrsapa ing wuri-wuri | ratu tan kêna | mèt mantu pandhe wêsi ||

50. sinaturan gêtêr-patêr ing nagara | dhèdhèt munyerawati | tăndha sêbda sêtya | sinaksi ing jawata | marma pandhe praptèng mangkin | nadyan digdaya | cêlus dadya bupati ||

51. kawarnaa paglaran para bupatya | lawan sang nindyamantri | dhawuh mring punggawa | kinèn suwarèng bala | têngara tinitir-titir | kusyala nglêmpak | nèng alun-alun mranti ||

52. nêdya karya karampunganing ranangga | srah jiwa ngudi pati | yun ngêntar ngulama | kang ambêg kumawawa | puwa-puwa cidrèng bumi | ki patya kagyat | wrin wadya mung sakêdhik ||

53. awit kathah ing ratri kang sami minggat | ting blulung ngupa urip | ngandika kya patya | marang sagung nayaka | hèh

--- 250 ---

kănca kadya punapi | rêmbak andika | brêtya kantun sakêdhik ||

54. datan kiyat tinimbang kathahing mêngsah | lor kidul kulon ngrampit | wetan tanpa petang | matur para nayaka | kyai lurah bab puniki | yogi tinêmpak | kang kandêl dèn dhingini ||

55. sampun galih ingkang dadya senapatya | paduka lan bupati | sarêng mangsah nêbak | yya kêdangon ing lampah | yayah sulung malbèng agni | sadaya laya | ngupadi criyos wingking ||

56. pra nayaka patih rêmbak kumpul juga | brastha sarêng lan nagri | nadyan garwatmaja | binoyong rinampasan | pating crêngèk syarèng tangis | tandya madyèng tyas | yèn kula wus ngêmasi ||

57. kang kasêbut rontal agama kamuksyan | karangan Wisnu Murti | dhawuhing Triyatra | wran pralaya ing yuda | manggih syarga sunyaruri | antuk rum jêkbat | panggya Yyang Odipati ||

58. injing pêjah mangke pêjah antuk marga | ngrênggani syarga ruri | surabsi mangudan | rum-arum arum kêmbang | mring satriya tamèng pati | antuk sopana | sela matangkêp kori ||

59. kyana patih mirêng sabdaning nayaka | lan Têrung Sang Dipati | tambah mahyèng sura | nir deya manrang deya | ngrasuk busona miranti | ngagêm pratăndha | puspa sinurèng [si...]

--- 251 ---

[...nurèng] pati ||

60. sampun pasrah ring Sang Yyang Sewandakala | mahyèng usya ăngga nis | yitma kapralêda | mangayu ngajap marta | Sang Yyang parêng ajurungi | rumakêt atma | tan ana nulih wuri ||

38. Pangkur

1. wus cancut pratikêsyanda | kyana patih kalawan pra bupati | lan Radyan Dipati Têrung | brêtyadi Majalêngka | cacah sirah amung kantun tigang atus | sadaya wus sinajarwa | tibaning papêsthèn pati ||

2. mangulon sêdyaning karsa | rèh pracima têlênging senapati | kang karan Pangeran Ngudung | wali taruna digbya | kyana patih dharat lan para tumênggung | miwah Arya Pêcattăndha | sikêp pêdhang sawunggaling ||

3. dupi campuh yun-ayunan | nèng prabatan mungsuh yayah punagi | nulya wadya Majalangu | samya sèlèh jatmaga | lan sanjata duk wikan sidhakêp suku | tunggal ngèsthi ngendraloka | wus kèksi wiwarèng syargi ||

4. kèh surabsa marudasta | ngawe-awe mring satriya utami | wusnya trang pamulat murut | gya ngasta pêdhang kangkam | pra kusyala sadaya prastawa dulu | trangginas nyandhak gêgaman | dyan patih dhawuh mêrpêki ||

5. prajurit ing Majalêngka | gya manubruk katadhahan pra

--- 252 ---

santri | surak amin ngalaekum | samya nêmpuh byat sura | wantra dangu dènnya rukêt rêbut unggul | wong Majapait kasoran | sawiji tandhing sabiting ||

6. sirna tan mangga puliha | brastha mumur sawa kadya rinujit | mung kantun Dipati Têrung | anggona wor gusthika | kasaput ing ratri wong santri gya mundur | mring sanggrahan senapatya | warnanên sajroning puri ||

7. Jêng Sinuwun Brawijaya | wanci dalu dhawuh mring juru tulis | kinèn manurat nèng watu | sastra têmbung Sakrêta | sinêngkalan jumnèngnya purwaning dangu | wasananing kraton sirna | ngumur satus kalih warsi ||

8. ratu pamungkasing Buda | sabdaning sang hèh Prabu Dyarati[52] | wruhanta ingsun hyun murut | mring kraton Tinjomaya | Batharendra Yyang Triyatra wus mangayu | de sutamu kaki Bondhan | Surati mèstu ring kami ||

9. Jaka Sura sagarwanya | padha manut kadewataning pati | de sira yayi tan atuk | rèhne batinmu Eslam | lah mêtua jujuga gênthan bok ratu | puluh-puluh pandoning Yyang | sujanma parasdye[53] Widi ||

10. dyah manjrit mawa udrasa | ngaras pada dhuh ingkang misudhèng sih | dunya praptèng layu murut | dewatèng Tinjumaya | kula

--- 253 ---

nuwun tumutur paduka prabu | mawongan nyèthi sulaksma | tan sagêt kawula kèri ||

11. sang nata malih ngandika | yya mangkono yayi sanès pamanggih | aja godha angrêridhu | ing rèh endraning laya | pandon dewa tan kêna slisir sak rambut | benjang sira antuk krama | tur pandhe Slam dadi wali ||

12. sira datan kêna ngampah | kirdhaningsun iki malêm Wraspati | Manis nuju sri tumurun | wukune Julungkêmbang | Dewa Guru Yyang Pramèsthi adum ayu | kêkayoning Patmanaba | dewata kamulyan pati ||

13. akêkobok banyu mawar | umbul-ubul[54] ngadêg mathêr ing langit | gêdhong mênga dewa mlaku | Sang Yyang jumurung karsa | lah ta age yayi patni sira mêtu | anèng gênthan mamujia | gya Dyah Dyarawati mijil ||

14. sri narendra lan pra putra | kakung putri surèngrana lan lagsmi | samya mudya măntra nayuh | wahyaning padon suksma | ngêning cipta sasêdyaning tyas katuju | daut prabayasa musnya[55] | mumbul ring rawismaya nis ||

15. manjing Tinjomaya suksma | sadaya kang nèng jro dhatu tan kari | badan jawata wor kanun | mênêng mangêning wênang | nèng kaendran ngungkuli [ngung...]

--- 254 ---

[...kuli] marcapada gung | tikêl sèwu nikmat syarga | kamulyan tanpa upami ||

16. nora èngêt lamun muksya | amung ketang Dyarawati ngêmasi | murut ring sawarga agung | Ratu Adyarawatya | wus sampurna èngêtanira sang prabu | lah sumăngga kagaliha | sagung kang maca miyarsi ||

17. kang mati manganggêp gêsang | ingkang gêsang sami manganggêp mati | kosok bali lira-liru | saksine padha mrajak | wong kang nulis uthak-uthik padha lampus | ingkang maca lagya pêjah | kang mirêng anèng suwargi ||

18. kang seda nora uninga | lamun mati kang ngarani wong urip | nanging tatkalane murut | kang urip katon laya | lah cupana kaki cangkriman puniku | yèn yun bijagsèng kawruh kak | ingkang nganggo urip mati ||

19. ucapên Sang Pêcattăndha | kanang awor gusthika bang-bang enjing | ngalilir sarira wutuh | tan sajuga watgata | nulya brangkang ngarah-arah yya na wong wruh | lumaksana sigra-sigra | ciptèng tyas manjing jro puri ||

20. yun sowan sri naranata | tur upiksa ki patih wus kajodhi | lan pra nayaka tumênggung | dipati [dipa...]

--- 255 ---

[...ti] măncapraja | pra prajurit sawiji tan wontên katun | dupi prapta purantara | Sang Pêcattăndha umaksi ||

21. prabasuyasa wus sirna | tanpa sisya lan para kyai-kyai | pusaka ji waos dhuwung | tan watên kaliwatan | Pêcattăndha mubêng-mubêng gya malêbu | jujug gênthan sewalagsma | panggya kanjêng pramisosari[56] ||

22. Sang Rêtna Adyarawatya | nênggah waspa măncadrasa mawanti | emut sutrisnaning kakung | miwah sang narpatmaja | dene kèri priyăngga tan bapang mèstu | murut maring endraloka | sadarpa putêk ing galih ||

23. Sang Pêcattăndha aturnya | dhuh jêng ratu mugi èngêta gusti | wit pandoning suksma luhur | kawula mung sadarma | mênêng mosik atas sangking Sang Yyang Guru | Yyang Pramèsthi Siwahboja | rintên ratri ngudanèni ||

24. wus jamak garwaning nata | prajarja brastha gusis[57] | dadya boyonganing mungsuh | karan labuh nagara | boya awon umèstu sakarsèng mungsuh | prayogi narimèng titah | putri tan wignya don jurit ||

25. gusti wangsul sariramba | senapatya mangku kitha bupati | gung sih wirya sang aprabu | raka paduka nata | mangkya têmah [tê...]

--- 256 ---

[...mah] kèri boya dhèrèk murut | botên pralaya ing yuda | sadarpa dlap amba urip ||

26. sinurak ing janaloka | tri bawana arda gung ngèksi-èksi | mangerang satriya blubut | blêbêt sungkan pralaya | budi nistha jêmbêr satruning praja gung | tan sarêng risaking praja | dadya rarêgêding bumi ||

27. satêngahnya ibal sabda | kasaru Jêng Kudus Pangran umanjing | ring pura sawadyanipun | Kyai Gêtaspandhawa | Suranata lan Ngabèi Ănggaranu | kang ngupa boyongan brana | jimat pusaka tumbak kris ||

28. rukma di sotya maneka | wus ngalumpuk samana dadi siji | mring gêdhong srang baya suwung | Ki Sêkardlima sirna | sawarnining pusaka tan wontên kantun | binêkta jêng sri narendra | lan prabasusaya wus nir ||

29. mubêng Sunan Ngudung prapta | bale wèni ing gênthan sampun prapti | wrin wanudyendah nèng ngriku | priyăngga mung sajuga | gya têtanya ririh Jêng Pangeran Ngudung | hèh janma aranmu sapa | mêksih taruna nèng puri ||

30. wanudya di sapa garwa | Pêcattăndha Sunan dènnya nauri | hèh santri yya tbuh mringsun[58] | ingsun Trung Pêcattăndha | nadyan kasor luhung belakna prajaku | sarwi mangingêr kang katga | Ki Sagarawedang mipit ||

31. tinarik-tarik tan kêna | angandika

--- 257 ---

Pangran Kudus hèh yayi | praptèngsun ngriki ingutus | mring rakamta Bintara | Natapraja sira tinibalan gupuh | kairida lagsitèngwang | dadya gantining narpati ||

32. paran sira yun migêna | lakon isun[59] boyongi sajro puri | sawarganing jro kudhatun | wus mêsthi ingsun gawa | katur marang rakamta tandhane ontung | bêdhah kutha tuk boyongan | mangkono prajurit luwih ||

33. lamun sirarsa yun bela | tanpa karya têmah durakèng Widi | atma usyanta kapugut | yogi kasarèhêna | măngka têmbe rakamta kang jumnêng ratu | arsa nglabêti utama | wusanane tuna wuri ||

34. wus kathah lêpiyan kula | para ratu kasor prang angabêkti | mèstu ring kang mênang pupuh | tan darbe ing tyas arda | lumaksana apa karsaning Suksma Gung | yayi aja salah cipta | gantya tekat gama nabi ||

35. wruhanira wali sanga | jroning kalbu mêksih Buda kabudi | barang kawruh barang wuruk | Budane durung sirna | malah rujuruk mung bedane asma santun[60] | Allah sêjatinya tunggal | uga wor Yyang Odipati ||

36. kang pinangran dunya kerat | nora luwih sawiji budi eling | kang ngêbêki bawana gung | cêngkrama munggèng jiwa | kang ingaran osya Arab têmbung kayun | kang tan milu

--- 258 ---

lara lapa | susah bungah nora apti ||

37. wong urip nèng marcapada | luhung ngudi kawiryan ngrika-ngriki | yèn wus kêpanggya kêcakup | cukup silaning janma | mati bungah urip suka muhung mèstu | pacangkraman Hyang Sudyarsa | dumunung janma linuwih ||

38. ingkang kadya sariranta | kang bijagsa turti mangulah budi | tan gugu sabarang catur | tan napik jarwa liya | mung angèsthi kang cocok ciptaning kalbu | kono pira-pira rontal | kitab têmbunging Arabi ||

39. caritane nora beda | padha srasa bènèh kênyaming lathi | rèh urip pacangan layu | yya mati siya-siya | nora kurang janma tama mamrih lampus | yya lantaran palacidra | patine kalêbu gêni ||

40. nora katimbang ing nalar | duga-duga wantara anèng ati | sira yayi nêja labuh | mèstu Sang Brawijaya | kang nèng syarga apa sawargamu nunut | kang măngka atas manungsa | kagungan syarga pribadi ||

41. sadene naraka sabta | tunggal juga campur janma linuwih | yeka agamaning rasul | mulane Sang Dipatya | Natapraja mituhu sangerat[61] rasul | nora bodho kakangira | pangudining driya kingkin ||

42. gamarab srengat Mukamat | salalahu rasullolah sinêlir | nganggit musakap trang têrus | cêtha pratisthèng ăngga | nora beda lawan rontal [ro...]

--- 259 ---

[...ntal] Sang Yyang Wisnu | ing rèh agama kamuksyan | marma aja klèru tampi ||

43. lah yayi payo glis seba | mring rakamta Bintara Sang Dipati | sadarpa gung kumacèlu | tar sarsa marang sira | rèh sadulur lunga bêbarêngan luru | kaluturaning jiwangga | saking Plebang wong kêkalih ||

44. nèng marga pisah tan slaya | rukun tama nganti praptèng sêmangkin | wus lami datan pinangguh | mèt prabataning warta | payo-payo yayi dandana dèn gupuh | barêng lan lagsitaningwang | myang rajabrana jro puri ||

 


ngămbra-ămbra. (kembali)
Lebih satu suku kata: jêng sunan nyamur sakala. (kembali)
enggal-enggal. (kembali)
băndha. (kembali)
băndha. (kembali)
Kurang satu suku kata: ingsun ngampiri murit. (kembali)
wahyèng. (kembali)
sudirambêg. (kembali)
Kurang satu suku kata: kyahgêng alon andikanya. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: ayun dumugèkkên karsa. (kembali)
11 Jabalkat. (kembali)
12 Lebih dua suku kata: dadi batur nora cukup. (kembali)
13 mlênthung. (kembali)
14 kurang dua suku kata: nyai myang juru pikulnya. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: kita yun mèstuti cipta. (kembali)
16 manrang. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: Kyai Supa arane nèng Majalêngka. (kembali)
18 wismaning. (kembali)
19 Kurang satu suku kata: wusnya rampung pangupakara di. (kembali)
20 ing. (kembali)
21 Kurang satu suku kata: yun kaboyong ngalêmpak. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: nulya nutug sukaning panggalih. (kembali)
23 Lebih satu suku kata: wus wruh wirayat ghaib. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: darbyemut wêninging kalbu. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: datan milati krana. (kembali)
26 Kurang satu suku kata: winangwang-wangwang sinapit. (kembali)
27 tibèng. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: nistha panjnêngan nata. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: ngapus susilaning tata. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: kang yun balila sang nata. (kembali)
31 sowang-sowang. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: nglêmpak prajurit kusya. (kembali)
33 Kurang empat suku kata: bidhal ngulon sêdyanira mring Bintara. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: wadya ing Bintara. (kembali)
35 janma. (kembali)
36 kraton. (kembali)
37 wismèng (dan di tempat lain). (kembali)
38 Tanggal: nyêmbah janma tri karna (S 1312). Tahun Masehi: 1390–1. Biasanya watak bilangan kata "karna" adalah 2 (dua). (kembali)
39 Kurang satu suku kata: kang măngka pra wiratama. (kembali)
40 Kurang satu suku kata: pakartinya Sunan Ngampèl. (kembali)
41 Kurang satu suku kata: tan pae lan ngulama kyèh. (kembali)
42 Kurang satu suku kata: Kyai Gêtaspandhawa lan Suranata. (kembali)
43 Ănggaranu (dan di tempat lain). (kembali)
44 Lebih dua suku kata: nyatus mêndhak kaping kalih. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: astha nêmbang babak baris têmbing wetan. (kembali)
46 kuda. (kembali)
47 Lebih satu suku kata: lir raja bopatya. (kembali)
48 Kurang satu suku kata: pra prajurit tan na nolih. (kembali)
49 Kurang satu suku kata: kênèng kêmayaning santri. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: marang dyan apatya. (kembali)
51 ngawaki. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: sabdaning sang hèh Prabu Dyarawati. (kembali)
53 parasdyèng. (kembali)
54 umbul-umbul. (kembali)
55 musna. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: panggya kanjêng pramisori. (kembali)
57 Kurang empat suku kata:. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: hèh santri yya tambuh mringsun. (kembali)
59 ingsun. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: malah rujuk mung bedane asma santun. (kembali)
61 sarengat. (kembali)