Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 39–49)

Judul
Sambungan
1. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 01–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
2. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 16–26). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
3. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 27–38). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
4. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 39–49). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
5. Sêrat Dêmak, Anonim, 1831, #1297 (Pupuh 50–66). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad.
Citra
Terakhir diubah: 19-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

39. Sinom[1]

1. Sang Dipati Pêcattăndha | dupi wus mirêng sajarwi- | ning Kudus Kanjêng Susunan | èngêt purwakaning nguni | runtung-runtung samargi | sangking tanah Plembang jujug | Gêrsik Pangeran Modang | wusana têrus dipati | măncadrasa waspa mijil ingusapan ||

2. gya Sang Arya Pêcattăndha | ing Têrung turira aris | dhuh kangmas kanjêng pangeran | kula mituhu sakarsi | èngêt pandoning Widi | mêmungsuhan lan sadulur | mangkya gêtun wus klampah | Pangran Kudus nabda malih | hèh ta iki wanudyane sapa[2] ||

3. ulat tangguh balut netya | wênês sumèh kaduk wingit | pantês trahing widaradya | nadyan wus wrêda katawis | matur sang adipati | inggih punika Jêng Ratu | Kancana Dyarawatya [Dyara...]

--- 260 ---

[...watya] | pramisorinya sang aji | marma botên murut rèh punika Islam ||

4. tan kenging awor jawata | wus kajawi sangking jinis | makatên dhawuh narendra | lah punika kadipundi | karsa tuwan samangkin | ngandika Susunan Kudus | yèn mangkono saiba | sukane Radyan Dipati | Natapraja dene kang ibu widada ||

5. lah sumăngga Jêng Kêncana | kula turi têdhak maring | Bintara panggih putranta | têmtu sokur sukèng galih | nitih punapa gusti | jêng ratu ngandika arum | lumembak sakarsanta | tandya nitih jêmpona di | Dipati Trung nitih kuda di rinêngga ||

6. sarinbit lan jêng pangeran | tyin Kyai Gêtaspandhawi | Ănggaranu Suranata | pêpikul rajabrana di | baboyongan sarwa sarwi | pèni-pèni mas umacur | pirang-pirang gotongan | nèng ngarsa prajurit santri | ing Bintara tumuntur kirdhaning wutat ||

7. dene wadya Majalêngka | ingkang nora mati jurit | Kyai Bobos Kadhuruan | Pangalasan Arya Simping | buyut lan tăndha mantri | Ki Sumbul Dêmang Blagidhur | Arya Tiron Pandêlêgan[3] | wisata ngarsa pribadi | nêdya marang Bintara manjing gami Slam ||

8. gumrudug barêng pikulan | kang kambak bumi lir gonjing | wêntawis wong kawan nêmbang | cacah wadya Majapait | samyarda tyasnya jirih | kumacèlu

--- 261 ---

nêdya nungkul | warnanên putra nata | kang wisma Jawi nagari | sampun dangu miruda sangking nagara ||

9. kang rama dupi wusnya trang | murut ring kadewan syargi | panyibtaning narpatmaja | dera nis pratisthèng ardi | Lawu jumnêng narpati | ajêjuluk Sunan Lawu | ananging wus mring yangyang | kajiman jinis rohkani | Brawijaya paduka sawlas putranya ||

10. Ratu Pabayun pangarsa | krama Dayaningrat Pêngging | kalih Arya Damar Plembang | tiga Rahadyan Dipati | Natapraja kang arsi | umadêg nata ping catur | Radèn Bondhan Gejawan | ing Tarub wus kocap nguni | kaping lima Batha Katong juluknya[4] ||

11. nêm Kanjêng Pangran Dipatya | Bondhan Surati dhèrèk nis | ing rama sri naranata | pitu Dyan Jaranpanolih | astha têngranirèki | anênggih Rahadèn Guntur | anèng Bali kêkitha | songa krama Ki Nom Guling | sapuluh kang ginarwa Ki Jaka Sura ||

12. nêngna putrane narendra | boyongan ingkang wus prapti | kitha Bintara Sang Rêtna | Dyarawati wus umanjing | pratisthèng dalêm wingking | kang prara rara tut pungkur | panggya garwèng dipatya | putra Ngampèl angabêkti | sêdene Sang Adipati Natapraja ||

13. ngujung mring pramisorendra | manêmbah yayah syarga ji | kurmatnya radyan dipatya | botên ketang ibu tiri | nulya mahya ring jawi | manggihi

--- 262 ---

Dipati Têrung | kang wus lênggah pandhapa | kumpul lan wong Majapait | Sang Dipatya Natapraja gya nambrama ||

14. ring kang rayi Pêcattăndha | manêmbah nuwun kapundhi | êmbun mustaka trus driya | katuwawa lir wong ngimpi | wruh kawiryaning murti | Pêcattăndha nêmbah matur | kangmas amba tur wikan | kala syargi jêng rama ji | nguni kula kinèn mangêntar oliya ||

15. kula kangmas kaparingan | ngampil pusaka narpati | katga kang tinaturêngga | rugma Sagrawedang nami | dhapur sèwu kris siji | lah punika warnènipun | amba darmi kampiran | mangke sumăngga kang wajib | kang sumulih wahyaning wahyu kobyarja ||

16. kang katga pinundhut sigra | ingasta nulya tinarik | winangwang wusnya prastawa | iya sun tarima yayi | sakêthi gung mamuji | mugyarsa tuka pitulung | tandya Sang Adipatya | Natapraja sung basuki | kang krahayon para wadya Majalêngka ||

17. widadantuk pandon mulya | pra arya panèwu mantri | kapundhi kalingga murda | sih wilasa jêng sang aji | pun dasih darmastuti | rèh mungsuh yugya kajabut | lungayamba sadaya | paran gusti paring urip | botên rintên sarabut pinra sayuta ||

18. manabda sang narpaputra | tekatmu wus padha bêcik | mungsuh prapta asrah jiwa | sirik lamun dèn

--- 263 ---

patèni | kajaba mung tinari | manjing Slam apa ta saguh | mèstu srengat jêng duta | sadaya wran saur pêksi | inggih inggih sêndika nuwun sandika ||

19. tantra ratri sampun enjang | nulya rahadyan dipati | dhawuh mring Ki Wanasalam | kinèn ngirida prajurit | arya panèwu mantri | sinowankên wali kutup | umanjing gama Islam | ngucap sadad klimah kalih | kang kusyala winulangkên barjumuwah ||

20. ingkang jênêng kasan-kasan | kang wus padha baut ngèlmi | pêrsan aran Kasan Rêtja | kalawan Kasan Munangim | kang anèng desa Dawi | Kasan Wiradi ing Butuh | Pundhong Taslim ranira | catur sami jlimêt ngèlmi | ingku ingkang pinurih mulang pra wadya ||

21. padha dikiran ingkang pan | kèhing dikir catur warni | êndi kang dadi syarjèng tyas | dêdalaning dad sipating | ring Yyang Kang Murbèng Urip | janma catur nêmbah nuwun | sandika amba darma | umèstu dhawuhing gusti | kang rumuhun satari ahmat dikirnya ||

22. wuwusing dikir hu Alah | akmaliyah kang kaping dyi | wuwusira mung hu Alah | [...][5]

23. wuwuse dikir Lah-Alah | satari alip ping kalih | wuwusira mung hu Alah | ahmaliyah kang kaping tri | Alahu wuwusnèki | dikir ingkang kaping catur | kang drana asbandiyah | hu hu sêbute

--- 264 ---

kang madni | iku kêna digo waton dikiran pan ||

24. sadaya wus samya Islam | suka sokur ing Yyang Widi | gya wangsul marêk dipatya | pinirsan ulat wus pulih | lon ngandika dipati | mring tukang wang kinèn ngêrbut | ganjaran wastra boga | pisalin praboting kaji | sarban jubah kotang dhalêm satariyah ||

25. yèn cingkrang mundhuta bakal | ring bungbahe ingkang bêcik | lakên-lakên sutra-sutra | gransut bardhir renda rukmi | tirko parnèl mêpaki | wus wradin sadaya bagus | sukenggar gunging wadya | tantra dangu sampun dadi | wus rinasuk pêngangge sadayanira ||

26. ting jagêdhêg kirdhanira | tan na sinêbut tyan kaji | warnanên brona boyongan | ingkang sangking Majapait | mas sêsotya mawarni | rugma perak dhacin tinbun | tinumpuk nèng pandhapa | jaga gilir rintên ratri | wus tur priksa nèng ngarsaning pra oliya ||

27. sowan pyambak sang dipatya | ring masjit panggih pra wali | mangaturkên kang jarahan | pèni-pèni rajapèni | lan Jêng Adyarawati | kalawan Dipati Têrung | myang panungkulnya wadya | arya panèwu myang mantri | Majalêngka sampun ingupadi srama ||

28. Jêng Sunan Benang ngandika | hèh jêbèng prayoga mami | wus byantu wali sadaya | rèh kraton Wilatikta

--- 265 ---

nis | ramanta sri bupati | marang kadewatan murut | anêtêpona jangka | sirage jnêng aji[6] | ambawani wibawa bawana Jawa ||

29. amung sira kang sayugya | dhasar warismu pribadi | nuli marnoa pranatan | panjunjunging para wali | saksi ngulama mukmin | apa karsanta kasêbut | misudha wadyabala | myang ganjar punggawa luwih | lawan malih yasaa kaprabèn[7] nata ||

30. kang utama dina apa | ngumpulna pra nujum rêsi | sayu para tuwanggana | kawirêja wukir-wukir | paringa dhawuh wradin | praptaning dina katêmtu | sandika dyan dipatya | praptèng dalêm dhawuh nuli | nulya yasa kaprabon jumênêng nata ||

31. pacaraning Ratu Jawa | gya nibali juru rugmi | kinèn wiyasa amparan | kacu rugma sawunggaling | arda walika sêpring | bokor gêndhaga mas tatur | banyak mas walikarda | akèh kêlamun winilis | tantra dina samana wus samya dadya ||

32. songsong gilap jêne prada | jawi lêbêtira sami | mulang badhayèstri priya | wus sumêkta wastranèki | pranatannya wus dadi | pra wali wus samya rawuh | kapêsthi punang dina | tuwanggana dyija rêsi | samya mèstu jumurung jumênêngira ||

33. panèwu mantri panêkar | naradesa naranagri | prajurit samya sumewa | mangrasuk mantèring grutni [gru...]

--- 266 ---

[...tni] | ing bangsal Bintara di | kalêrêsan majêng ngidul | radyan dipati lênggah | wetan jajar bupati[8] | kiwanira Radyan Arya Pêcattăndha ||

34. majêng mangilèn lênggahnya | de kang kilèn pra walya di | majêng mangetan ajajar | wingkingira dyija rêsi | myang nawung kridha wukir | de kang lèr piyambak suwung | mung isi palênggahan | amparan kêncana tuwin | songsong gilap miwah kapraboning nata ||

35. kang ngampil para biyada | sadaya sampun miranti | Jêng Sunan Benang mangasta | pranatan tuwin prajanji | mèt byuha Ratu Jawi | kalanya Prabu Sêsuruh | sangking Brama Sandhara | purwèng byuha Sang Yyang Êning | Nilakatha kanthane tugu wasesa ||

36. mabarang caraning Buda | ing ngriku têksih lêstari | tan kinging ewah sakesya | Jêng Sunan Benang tumuli | maos srat dèn songsongi | gilap jumênêng dhêdhawuh | hèh sagung sisyantara | kawula gung alit sami | katayina surasaning partisara ||

37. pèngêt darma sihing wadya | miwah para wali rêsi | wus byantu sajuga karsa | kalamun Dyan Adipati | Natapraja sêmangkin | sumulih jumênêng ratu | Bintara ngrèh ngrat Jawa | memangkrun prisnya sang mulki | ajêjuluk Sultan Adi Natagama ||

38. gumrung para wali muja | dyija [dyi...]

--- 267 ---

[...ja] rêsi mèstu muji | sigra ki pangulu maca | dunga o jujung turun sih | sadaya tadhah amin | syara grêng lir gunung rubuh | wusnya tamat nurbuwat | sultan ingaturan linggih | lênggah dhampar kêncana songsong byar mêgar ||

39. gya para wali salaman | kumrubut aganti-ganti | Kyana Patih Wonasalam | marsèng lampah pocong[9] bêkti | kyai pangulu nuli | tandya Dyan Dipati Têrung | nayaka jagsa bupatya[10] | pryarya wradin angabêkti | gya Jêng Benang umaos pêrjanji byuha ||

40. rêringkêsan patang warna | wawênanging pra narpati | kagadhuhan păncadriya | dudu darbèknya pribadi | kagungannya Yyang Widi | warna kapindho sang prabu | kajibah mancas durta | tri warna rumêksèng cilik | catur warna priksa ingêring bawana ||

41. panjang lamun kajèrènga | byuha kang dhapur prakawis | kanjêng sultan gya ngandika | mring Sunan Benang sêmangkin | karsaning narapati | paman patih kula junjung | nama Radyan Dipatya | Wanasalam asma patih | nanging kêdah winruhkên prajanji byuha ||

42. mung pinèt gangsal wlas warna | sagung punggawa tur pêksi | Jêng Sunan Benang gya maca | byakta katampèna patih | para madya umèksi | kya patih prajanjènipun | wusnya sanggêm gya sumpah [sum...]

--- 268 ---

[...pah] | tumulya pangulu lami | katêtêpkên tampi janji Wisnu kara ||

43. cacah kalih dasa warna | sandika sinumpah sami | jêng sultan malih ngandika | jagsa Ki Iman Sêmantri | winisudha ngêbèi | mêksih jagsa karyanipun | prajanji adil karta | cacah tigang dasa kalih | byuha kêrta wus winaos turut cêtha ||

44. nyandikani gya sinumpah | têmên-têmênnya sukardi | dènnya nindakkên prakara | yya nganti bau kapini | sultan ngandika malih | mring patih hèh wruhanamu | si adhi Pêcattăndha | lulus jumênêng dipati | anggrênggani ing Têrung tur tambah lênggah ||

45. sarta nêlukna bang wetan | êndi kang midakèng aji | ingsun paringi wawênang | amatrapi kukum pati | kang wus tinimbang rêsik | kêna lapur kèri mringsun | kang sinamdan[11] sandika | suka sukur trusthèng galih | dupi rampung ajat dalêm buga mêdal ||

46. dene warnaning sarana | panjênênganing narpati | rugma salaka suwasa | mamèt kawruh byuha kaping | sèkêt nêm praptèng mangkin | srana panjênêngan ratu | tatkala Sang Yyang Wênang | jumênêng nata nèng Kêling | ajat nulya dinunganan dinum wrata ||

40. Dhandhanggula[12]

1. datan wontên ingkang nguciwani | wusnya rampung ing pangupaka[13] | jumênêngnya jêng sang katong | gya

--- 269 ---

sri narendra kundur | ginarêbêg manggung myang cèthi | praptèng made suyasa | pra sori mêthuk[14] | kang sumewa panangkilan | para wali tuwanggana dyija rêsi | kawirêtja bubaran ||

2. wus lêstari sukaning tyas sami | ingkang samyantuk kulawisudha | suka sokur kawiryane | sadaya punggawa gung | narapraja lan narakarti | suka rêna tyas sumrah | tan srih manahipun | lir tinêmpuh tirtamarta | mila gêmah raharja brastha duskarti | kêrtarta tanpa kara ||

3. duk samana nujyari sawiji | Kanjêng Sultan Bintara yun karya | manjangakên kuncarane | bu dalêm Kanjêng Ratu | Dyarawati ngaturan krami | antuk wali taruna | Jêng Pangeran Ngudung | sênadyan sang dyah wus wrêda | nora kurang lêpiyan ing nguni-uni | siti wuryan ing ngajam ||

4. lawan malih garwaning narpati | Sunan Kudus darbyari wanudya | Rêtna Salamah wastane | karsendra yun kadhaup | lan kang rayi Têrung Dipati | wus dumadya kang rêmbak | kalagsanan sampun | pêngatyan kalih kêpanggya | winiwaha boja-kramanya mênuhi | tan na winacak driya ||

5. wus samya tut pêngatyan kêkalih | sêmana riwusnya lama-lama | jêng sultan andhawuhake | têkap ngabyatrèng Têrung | dhawuh dalêm muliha yayi |

--- 270 ---

ring Têrung prajanira | nan kering praja Trung | padha kinon manjing Islam | lan dhawuhna mèstu marang Bintara ji | kang mogok rampungana ||

6. lan bojomu yayi jakên mulih | sadene anane pra kusyala | iku yya na kèri kabèh | dene wong Majalangu | prarya mantri lawan ngabèi | tarinên di kang dadya | rênane tyasipun | parsa mulih Majalêngka | sun lilani sakarsa nanging yya lali | marang nagri Bintara ||

7. lan malih sun pasrah ring sirèki | bangsal pêngrawit ing Majalêngka | bukakên saosna mrene | lan bale witana gung | ingsun karya pasowan jawi | têtêp dadya bituwah | tilar ramya prabu | sun kira saya utama | dene bangsal pêngrawit sun gawe srambi | wis yayi Trung mundura ||

8. matur nuwun rahadyan dipati | praptèng pamodhokan tata-tata | rinakit apa carane | wus sumêkta sêdarum | dupyantara enjing gya pamit | tumanduk ingkang raka | Jêng Pangeran Têrung | suka sokur jumrung karsa | tandya bidhal pramesyari nitih jali | raka syandana kuda ||

9. kathah para pêpikul umiring | kopêr-kopêr bêkakas wanita | miwah prara-rara wadon | sadene rayya jalu | wadyanira mung sawantawis | gumrudug pedah ngarak | rêgêng nèng madyèng nu | wus tan kawarsitèng marga | praptèng Têrung ing kadipatèn [ka...]

--- 271 ---

[...dipatèn] umanjing | pra abdi noskên bêktan ||

10. akèh para wrêda samya prapti | miwah wadya ingkang lama-lama | kang têbih-têbih wus marsèng | atur tăndha pangungun | kasugênganira dyan pati | kèh punagi sêntona | samana wus kumpul | kèh suyut prasamya tiyang | sawantra ri sampun kagungan prajurit | wantawis gangsal nêmbang ||

11. mêksih gili wran magang prajurit | tambah-tambah sakala Trung arja | ing pasar-pasar akèh wong | samarga-marga pênuh | tahu gorèng myang sate kambing | bêkakas sabrang gumlar | anèng kitha Têrung | muski apa-apa adha | sutra-sutra kain-kain lêbih isi | makanan lêbih murah ||

12. kawuwusa Kanjêng Sunan Kali | wali pamungkas sidik nirmala | têdhak mring Bintara age | panggya ring kêng sinuwun | sultan kagyat lênggah pribadi | anèng sana parasdya | waskithèng pandulu | jêng sunan prapta tumêdhak | ingancaran Jêng Sunan Kali nganthuki | gya rêraupan asta ||

13. Jêng Malaya angandika aris | lah ta jêbèng kraton ing Bintara | saya luhur kuncarane | jroning tanah Jawa gung | datan ana ingkang nimbangi | ananging ingsun darbya | sumêlang ing kewuh | bang wetan Raja Blambangan | Siyunglaut ingkang wus umadêg aji | nêdyarsa ngrèh ing

--- 272 ---

Jawa ||

14. ing Lumajang Kraksan ing Ngrayuti | Băndawasa Pugêr Prabalingga | wus mèstu manganggêp katong | ring Prabu Siyunglaut | awit darbe srana kang ghaib | kris dyi dhapur sangkêlat | kang măngka pangirub | nguni pamujaning Supa | turunane pusakanira jêng kyai | datan siwah sak rikma ||

15. iku bae budinên yèn kinging | pundhutên srana alus yèn kêna | ewuh pukulên prajane | kajabane puniku | ngong nyaosi pirsa sang aji | alas Mantaram ana | janma adhêdhukuh | Ki Supa Pangeran Sêndhang | tur oliya ngibadah nêmbah Yyang Widi | nguni wisma ing Tuban ||

16. nèng Mantaram mèstu dhawuh mami | sak anak rabine arèningwang | Rasawulan panêngrane | duk anèng Majalangu | ingsun purih miruda ratri | kalagsanan samangkya | tibalana prabu | wus bisa êmpu utama | luwih bêcik parêkêna ring sang aji | dadya praboting praja ||

17. lah wis jêbèng arsa mlaya bumi | plas tan kèksi kondur sri narendra | adhêdhawuh mantri roro | mring wona ing Mantarum | anibali Supa wus kerit | kalawan syamènira | mung Ki Nom kang kantun | mêksih nèng alas Mantaram | sabên dina pakarti sukarya kêris | tumbak pêdhang tan kêndhat ||

18. Kyai Supa tan dangu wus prapti | ing Bintara kunjuk [ku...]

--- 273 ---

[...njuk] jêng pamasa | sinambramèng pabagya lon | manêmbah matur nuwun | wusnyantara Supa sinung sih | wisma tênapi sawah | dahat suka sokur | sarta pinisrama brana | sampun mukti wahêntya ingkang kawarni | ri Soma sri narendra ||

19. pratistha sang nèng manguntur nangkil | patih jagsa pangulu sumewa | para tuwanggana jèjèr | bupatyarya panèwu | supênuk[15] nèng ngarsa sang aji | ngandika marang patya | hèh paman karsèngsun | utusan paring wilapa | mring Blabangan mundhut roro rupa kêris | kêmbar dhapur sangkêlap[16] ||

20. marang Siyunglaut Sang Dipati | yèn tan awèh ingsun pukul yuda | hèh patih sapa yugyane | ngampil nawalaningsun | matih[17] munjuk gusti prayogi | pun Ngabèi Tohjaya | pun Tohjiwa cukup | mundhi pustaka narendra | ulat tangguh kaduk manis bèr kuwanin | lan wadya sawantara ||

21. kadhawuhan Tohjaya Ngabèi | karo pisan iya Si Tohjiwa | sandika panggah ature | nata sampun dhêdhawuh | juru santra karya jintèki | ijoan wus kajarwa | tantra srat wus rampung | kunjuk sultan gya katandhan | gya pinringkên Tohjaya Tohjiwa sami | dyi tandya lumaksana ||

--- 274 ---

22. ingiringkên kusya sawêntawis | bidhal marang Banyuwangi kitha | gantya ingkang winiraos | nênggih Dipati Têrung | nêlukakên para bupati | ngabèi răngga-răngga | kang tar nêja nungkul | marang kawasèng Bintara | ingkang băngga jinarah rinayah gusis | branarta binoyongan ||

23. pèni-pèni sêsotya rugma di | kunjuk Kanjêng Sultan Bintara[18] | dlêdêg gêgotongan ewon | tan ana kêndhatipun | arda suka sri narapati | Dipatya Pêcattăndha | sayarda manglaruk | kang têbih-têbih bupatya | Pranaraga Trêgalèk Ngrawa Kadhiri | Brêbêg ing Kartasana ||

24. Malang Gêmbong Bangil tanah Gêrsik | ing Lamongan Jaman Surabaya | ing Mandura Sidakare | sadaya wus tumundhuk | atur bulu bêkti Sang Aji | Natagama Bintara | arda suka sokur | tuhu prawira di guna | Pêcattăndha tan kewran pakarti rumpil | kang brêjul wus rinampas ||

25. dutèng nata kalih sampun prapti | ingkang marang kitha Bêlambangan | malbèng praja gya makuwon | pinarnah ugyanipun | dupyantara enjing sang aji | Siyunglaut sineba | pêpak punggawa gung | kyai patih anèng ngarsa | sri narendra

--- 275 ---

pan wus ingaturan uning | wontên dyi duta nata ||

26. sing Bintara jêng sinuwun adi | ngampil nawala kalih punggawa | kalênggahan mantri anom | wus sumaos nèng ngayun | gya ngandikan duta kêkalih | majêng ngaturkên nyala | tinampèn sang prabu | binuka sinuksmèng driya | têmbayannya pèngêt iki layang mami | Sultan Nataagama ||

27. kang jumênêng Bintara nagari | sudigbyambêg widagdèng buwana | ing Jawa tan ana roro | dhumawuh papah dhêum | Adipati Blabangan nagri | Siyunglaut bang wetan | wiyose sun krungu | sira darbe kalih katga | dhapur sangklat kêmbar kalih tan salingsir | sun pundhut ladèkêna ||

28. mring Bintara ing sak dina iki | lawan malih sun mirêng pawarta | yèn paman jumênêng katong | mangrênggani kaprabun | lamun nyata sun tan marêngi | kajaba mung dipatya | kabawah maringsun | lamun mopo tamtu sira | sun pidana dadya purwakaning jurit | ngatokna guna dibya ||

29. dhuwurêna bètèngmu kang inggil | rakitana kapurancang waja | kang ămba jêro jagange | gulang-gulanga wadu | anggabaha prajurit luwih | titi ungêling rontal | Bintara ping walu | ing sasi Sura taun Dal | sinêngkalan jalma nir catur bupati |[19]

--- 276 ---

Jêng Sultan Natagama ||

30. titi pamaosnya Sri Bopati | Siyunglaut syardanambêg sura | mawinga-winga jajane | hèh duta dyi sirèku | lah tutura gusti santri[20] | kumawama wèh sastra | tanpa tindak-tanduk | duga wêwekaning cingkrang | sirna yodanagara kramanata nis | cêlus sun gêlêm seba ||

31. gunêman moh têpu ingsun gêmil | santri nistha nyarkikis ngalămpra | nadyan mangkono adate | jamake wong tur-atur | layang marang jênêng narpati | pirabara wèh madya | têmbung kramèng ratu | lurahmu bangêt tan tata | apa nguni durung ngaji tyas utami | wèh layang cara bujang ||

32. nulya mundur Tohjaya Ngabèi | tanpa pamit gya praptèng pondhokan | gya natab têngara rame | wadya Bintara umung | wran tri atus sampun miranti | ngalor ngulon ngupaya | papan kang pêkantuk | sigra Sang Nata Blabangan | andhawuhkên kinèn mikut santri kalih | uta[21] sangking Bintara ||

33. wong Blabangan wiranti[22] ngajurit | Patih Cluring kang măngka manggala | ginarbêg pra ditya kèh[23] | Ragajambi lan Bandhung | Pajarakan sumêktèng jurit | nèng alun-alun blabar | wantara nêm èwu | dene wadya ing Bintara | amung wadya tigang atus mantri kalih | Tohjaya lan Tohjiwa ||

--- 277 ---

34. wus rumăngsa wadya sakêdhik[24] | nèdhèng mundur ngiras ngupa lampah | molah lukita nalare | wong Blabangan aburu | gya kacandhak têmpuh ngajurit | kasor brêtya Bintara | kawon kathah guyup | sarta papan dèrèng gunah | Ki Tohjaya Ki Tohjiwa angêmasi | wadya sirna kèh laya ||

35. amung kantun sakêdhik ngocati | lumalyarsa mantuk ring Bintara | umatur marang sang katong | gancangan lampahnya wus | yayah sudra sandi malarsih | watra lami ing marga | praptèng Dêmak sampun | jêng sultan lagya sineba | anjênêngi dhatêngnya bangsal pangrawit | kang sangking Majalêngka ||

36. sêdene bangsal witana prapti | laju ngadêg kinarya paseban | de bangsal pangrawit kinèn | bêgta mring masjit agung | karsèng nata kinarya srambi | kang wus lami rinobak | kasaru kang rawuh | prajurit kang kasor yuda | sing Blabangan atur uninga sang aji | dutèng dyi nata pêjah ||

37. marma amba sami mlajar gusti | kawon yuda rèh karoban lawan | purwa wusana wus tètès | titi turnya tri têrus | arda ngungun sri narapati | ngandika mring ki patya | kapriye karêpmu | Si Dipati Balambangan |

--- 278 ---

têtela trang mindaka tan yun ngabêkti | tumanduk ngarsaningwang ||

38. kyana patih matur awotsari | dhuh gustyamba kajawi karsendra | pinukul ingkang sayêtos | rayi dalêm pukulun | Pêcattăndha Sang Adipati | sinrah ngêrbasèng kitha | Blabangan kagêmpur | dene mangke dèrèng sowan | langkung pyagi katibalana tumuli | rujug karsa narendra ||

39. tandya nuding anggadhèk kêkalih | anibali Têrung Sang Dipatya | kang liningan sampun lèngsèr | lêstari lampahipun | tan cinitra marga wus prapti | ing Trung panggya dipatya | nuju akêkupul | panèwu mantri lan răngga | dêmang bêkêl patinggi miwah prajurit | dyi gandhèk jlog tumrapta ||

40. andhawuhkên tambalaning[25] aji | nêdha sang adipati ngandikan | dening kanjêng sang akatong | kèrida lagsitèng lun | sang dipati sandika inggih | sêmbah nuwun parentah | gya pinarnah sampun | gandhèk ngaso gêdhong wetan | sinunggata sat rasa boga mênuhi | tan na pinancak driya ||

41. dyan dipati dhêdhawuh waradin | pra dipati ingkang beluk anyar | kinèn mèstu sowan rajèng | sadaya nêmbah nuwun | sandikarda nêmbah umiring | sowan [so...]

--- 279 ---

[...wan] nagri Bintara | tantaraning dangu | parentah wus tata-tata | kang sarwa di pêpikulan warni-warni | praptèng ari bidhalnya ||

41. Mijil[26]

1. wus miranti kang para bupati | ayun dhèrèk saos | mring Bintara sowan jêng sang rajèng | de kang têngga dalêm sawatawis | pêpikul nèng ngarsi | gya bidhal gumrudug ||

2. sang dipati nitih kuda tèji | busona rugma byor | pra tumênggung umèstu wurine | Dipati Trung yèn sinawang kadi | trajange sang pêkik | yayah nampuliyun ||

3. pêpikulan sarwa pèni-pèni | mas sotya di kaot | tuwin palawija sak anane | wêdal tanah ngriku kang radyèdi | tan kawarnèng margi | samana wus rawuh ||

4. ing Bintara jujug dalêm patih | sadaya bupatos | tatêlukan ingkang samya dhèrèk | wus pinarnah papan kang nyukupi | bojakramèng bukti | pêpak sarta cukup ||

5. kyana patih enjing malbèng puri | tur uning sang katong | rayi dalêm sowan sakancane | pra tumêgung kang anyar ngabêkti | têluk rèh sakapti | paduka sinuwun ||

6. dhawuh dalêm tibalana aglis | kabèh ring ngarsèngong | gya manuding gandhèk [gandhè...]

--- 280 ---

[...k] lumagsage | sampun kèrit sumaos ngarsa ji | antuk sabèng[27] gusti | pinaring rahayu ||

7. sêmbah nuwun kang liningan wradin | mariklu lumongsor | Dipati Trung nulya ngunjukake | bêboyongan pèni rajapèni | rugma sotya murti | jêng sinuwun manggut ||

8. lon ngandika sun tarima yayi | sêtya kang kawiyos | miwah panungkule para gêdhe | pra bupati răngga lan ngabèi | mangkya karsa mami | lêstaria mêngku ||

9. kithanira kadya nguni-uni | lêlungguh yya kalong | malah wuwuhana sapantêse | munjuk nuwun sandika sabda ji | darma anglampahi | sih wilasa prabu ||

10. gya sang nata kodur malbèng puri | Trung sakănca ngaso | wusnya mudur kapatyan pondhoke | samya manggung suka sukèng galih | latri langên srimpi | bêsan kêthèk tayup ||

11. sunggatanya jêng rêkyana patih | barang sarwa elok | myang dhêdharan ingkang elok-elok | sêdene pisalin wastra adi | buwatan dhilaji | wradin pra tumênggung ||

12. pra bupati nayaka jro nagri | rintên ratri roro | gêgiliran manggihi tamune | nèng kapatyan mèt sênênging tami | warnanên sang aji | tyas gung mangun [mangu...]

--- 281 ---

[...n] limut ||

13. sajuga ri jêng sultan nibali | patih lawan dhayoh | Pêcattăndha ing Trung sakancane | tumênggung răngga lawan ngabèi | wus kerit ngarsa ji | jajar urut lungguh ||

14. pasang karna murdanya tumiling | sultan ngandika lon | Pêcattăndha lah wêruha kowe | sakancamu bupati pasisir | nguni sun paringi | pustaka dhumawuh ||

15. Siyunglaut Blabangan Dipati | dutèngsun mantri ro | Si Tohjaya lawan Tohjiwane | sarta brêtya mring Blabangan panggih | sun purih bêdhami | tundhuka ngarsèngsun ||

16. sarta malih dipati darbe kris | dhapur sangklat roro | ingsun pundhut nora ngaturake | malah ngumbar kasuran bêg luwih | dutèngsun dya mati | rowange kèh lampus ||

17. têlung atus mung kari sathithik | lumayung[28] sung wartos | prapta ngarsaningsun matur barès | purwa madya wusana lyih titi | mangke kadi[29] | yayi ing karêpmu ||

18. lan rêmbugên kancamu bupati | kabèh kang nèng kono | Pêcattăndha wus trang pamyarsane | dhawuh dalêm gya matur wor wani | dhuh sultan manawi | parêng dipun gêpuk ||

19. sampun ngantos klayatan mênawi | tambah kèh wran ngrojong | ring duskarta mindaka prajarjèng | benjing punapa dhawuh

--- 282 ---

narpati | sandika nglampahi | rêmuk dadya awu ||

20. tan suminggah patik darmèstuti | tanggap pra bupatos | lêrês kyai lurah kula dhèrèk | nadyan lêbur wor bantala ênis | yèn atuk sabda ji | tan sakit tyang lampus ||

21. benjang layu sapunika lalis | idinya sang katong | jiwanggamba sumăngga sapangrèh | sri narendra angandika malih | yayi benjing enjing | mangkata yya mantuk ||

22. lah ta uwis sun muji basuki | nata gya ngêdhaton | kang sumewa sadaya lumèngsèr | praptèng pondhok sêdalu tandyènjing | Radyan Adipati | Pêcattăndha Têrung ||

23. wus ngundhangi sadaya prajurit | wus samya mirantos | sakêprabon prang sumêkta kabèh | sêdene bupati ing pasisir | cacahing prajurit | gunggung wolung èwu ||

24. Dipati Trung wus nitih turanggi | tumulya abadhol | pra tumênggung măncanagri dhèrèk | ing samarga-marga antuk kanthi | tan kawarnèng margi | Pêcattăndha rawuh ||

25. Purbasuki bawah Banyuwangi | laju ngetan anjok | Băndawasa Bajulmati age | Bêkalingan praptèng Banyuwangi | nulya tata baris | Adipati Têrung ||

26. dupyantara sadintên saratri | rêmbak [rê...]

--- 283 ---

[...mbak] pra bupatos | pêparing srat bêdhami rukune | rujuk Pêcattăndha karya tulis | tantra wus dumadi | surasaning têmbung ||

27. pèngêt iki sêrat dhawuh mami | Têrung Dipatya Nom | Pêcattăndha bêbaune rajèng | andêling prang Kanjêng Sultan Adi | Panataagami | Bintara kang kasup ||

28. tumêkaa marang sang narpati | Blabangan kang mogok | Siyunglaut kar[30] arda prawirèng | liring layang praptèngsun nèng ngriki | dinutèng narpati | yun bêdhami patut ||

29. anibali sira srana aris | marang gustèningong | angladèkna krismu sangklat roro | lamun kitarsa manggih basuki | tulusira mukti | ngaturna dhuwungmu ||

30. wusnya titi sinung mantri kalih | lumaksa wus panggoh | lawan Siyunglaut Jêng Sang Rajèng | kapanujon lênggah lan kya patih | miwah pra bupati | bawah Toyaarum ||

31. tinampenan supatra liningling | wus tamat gyan maos | lir sinêbit nata talingane | jajanya brit kumêdut kang lathi | ngandika mring patih | hèh Cluring wruhamu ||

32. Pêcattăndha kinongkon si santri | Bintarambêg katong | tanpa duga wantara budine | kumalungkung [kumalung...]

--- 284 ---

[...kung] dhustha glahing bumi | glis cêkêlên patih | duta roro iku ||

33. patènana kêthokên wong kalih | ki patih turnya lon | sampun sampun gusti botên sae | cundaka tan kenging dèn patèni | ngrusak silèng nagri | tan yugya tinêmu ||

34. kala alam pundi jaman pundi | purwa praptèng mangko | dèrèng wontên caraka pinatèn | kajawi tyang duratmaka têlik | pantês ukum pati | lupya malih katur ||

35. wontên têlik kacêpêng tan mati | dèn culkên kimawon | malah ginanjar mas wastra sae | alamipun Ramawijaya di | baris Syelagiri | nyêpêng têlik diyu ||

36. suka srana digtyambêg linuwih | Dasasya Sang Katong | kang nyundaka nêlik sasolahe | suprandene antuk agsama di | tur Sri Rama ugi | panjananing Wisnu ||

37. botên karsa siya-siyèng bumi | kang kadya sang katong | lamun arda padukambêg dede | patih kiwala pêjah rumiyin | nistha kraton ngriki | patih tumut luput ||

42. Durma[31]

1. Siyunglaut jaja bang mawinga-winga | sarira lir mahyapi | sadarpambêg sura | yayah sinipi ămbra | nguman-uman hèh Kya Patih | Caluring

--- 285 ---

sira | tan nêdya malês bêcik ||

2. sun wisudha sangking dama praptèng mulya | mangkya walêsmu silip | kumintêr sajarwa | ambêg pandhita pana | sajatine wêdi mati | si nisthip pidak | tan wruh kamuktèn dhiri ||

3. kalingane mangkono pamalêsira | tan rumăngsa manawi | yèn nagara karta | sêngguhmu yayah putra | mangkya na karya wigati | tan dadya rowang | malah wani si patih ||

4. yèn mangkono sun rampungi bae sira | katiban pusaka ji | narendra mangasta | katga kyai sangkêlat | kang sinangklit gya tinarik | patih waskitha | ngrangsang criga narpati ||

5. ugi kyai sangkêlat kang dhapur kêmbar | wus kadaut kya patih | sêbrak sri narendra | goco jangganing patya | patih nangkis-nangkis kêris | sang nata kêna | asta bucêk ngêmasi ||

6. kyana patih bêrèt jangganira laya | dadya susawa kalih | sang nata lan patya | layon dyi gilang-gilang | warnanên jêng pramisori | ngaturan wikan | nata sampyuh lan patih ||

7. sru manjêrit karuna kalara-lara | supe jatining èstri | marang panangkilan | nungkêmi kunarpendra | gya ingampil [ingam...]

--- 286 ---

[...pil] manjing puri | tangis jro dhatyan | lyir laleyan wor siti ||

8. kawarnaa syamining patih wus wikan | yèn kang raka ngêmasi | anèng panangkilan | nyai patih lumalya | lan atmanya alit-alit | manjrit karuna | sinungkêman kang mayit ||

9. gya binêkta mulih marang kapatihan | ucapên duta kalih | Mantri Trung lumajar | nêdya maring pondhokan | yun tur uning ring dipati | tan dangu prapta | sinrêng sabda mawêngis ||

10. carakamba sira prapta pêgat-pêgat | wigatine tyèsmu jrih | matur ponang duta | purwa madya wusana | saklangkung ngungun dipati | eloking lampah | narpa sampyuh lan patih ||

11. garjitèng tyas sasat nglêboni gadhungan | dhuwit kari ngukupi | sabên nguthut ngandhang | tandya dhawuh mring wadya | gumruh kang syara mêlingi | brêtya Bintara | sapa kang lawan jurit ||

12. sarta bendrong sanjata mariyêm munya | Bupati Ragajampi | bawah Balambangan | mêksih pêrnah nak-sanak | lan Siyunglaut sang aji | ciptaning driya | nêdya labuh nagari ||

13. amêthukkên wadya Têrung yuda brata | gênti rok silih-ungkih | dangu antaranya [antara...]

--- 287 ---

[...nya] | wong Blambangan lumajar | salang-tunjang rêbut urip | Bupati Raga- | jampi kari pribadi ||

14. gya srah tobat nuwun sakêthi agsama | Dipati Trung nampèni | nulya malbèng pura | layoning sang dipatya | wus pinaripurna suci | binêktèng cêma | lyir caraning dewa di ||

15. lawan malih layoning rêkyana patya | sarêng sampurna kadi | rèh agama Buda | nulya Sang Pêcattăndha | anjarah sajroning puri | kang sarwa endah | tamparan sawunggaling ||

16. kacu rugma kidang mas arda walika | upacaraning aji | katga dyi sangkêlat | sampun munggèng gêndhaga | dening kanjêng pramisori | lan putra-putra | miwah kang para lagsmi ||

17. kadhawuhan nêdya kaboyong wus adad | putra labuh nagari | mila dyah sumarah | sanadyan ta wus wêrda | amung Nyai Patih Cluring | datan jinarah | malah katrimèng kardi ||

18. sutanira malih jinujung bupatya | nèng Blabangan nagari | sangêt sokur suka | ananging kinon gama | Islam ngucap klimah kalih | wus kalêksanan | sarta ngadêgkên masjit ||

19. kawarnaa bupati

--- 288 ---

ing Bêlambangan | kang ngungsi marang ardi | Tumênggung Krasakan | Lumajang Situbănda | ing Prabalingga basuki | samya rêmbagan | têluk manjing agami ||

20. samya manut Adipati Pêcattăndha | mèstu Bintara nagri | kang umadêg sultan | putra Sri Brawijaya | kang wus risak kraton ngalih | marang Bintara | nulya para bupati ||

21. sampun rêmbag sadaya lajêng wisata | sowan Têrung Dipati | lan sawadyanira | kang nèng dalêming kitha | tan cinitra anèng margi | prapta Blabangan | sowan sang adipati ||

22. wus kêpanggya tumênggung basuki lawan | sakancane srah pati | yèn kaparêng nêdya | umèstu gama Islam | sarta dhèrèk nganggêp aji | dhatêng Jêng Sultan | Adi Nataagami ||

23. langkung suka Sang Dipati Pêcattăndha | sarwi ngandika aris | hèh kănca sayugya | jêngandika sadaya | nging panêdha kula ugi | sami sowana | Jêng Sultan Bintara di ||

24. tandya bidhal kang arsa sowan Bintara | pêpikul munggèng ngarsi | de jêng pramisyara | nitih jêmpona rugma | prara-rara moi-moi | sêlur nèng wutat | nitih tandhu mantêsi ||

25. sang dipati ing Têrung syandana [sya...]

--- 289 ---

[...ndana] kuda | tuwin para bupati | bawah Balambangan | gumuruh syaranira | kathah jalma kang ningali | ngambah wonarga | sebak prawata agni ||

26. tan kawarna nèng marga samana prapta | ing Bintara nagari | jujug kapatihan | sampun sinung pondhokan | sugata maneka warni | Radyan Dipatya | Wanasalam tur paksi ||

27. kunjuk nata lamun Têrung Pêcattăndha | kang sangking Banyuwangi | adon yuda brata | mênang antuk boyongan | rajabrana warni-warni | putri pra lagsma | prara-rara bupati ||

28. wong bang wetan samyarsa sowan narendra | tobat nyuwun umanjing | Islam gama mulya | jêng sultan langkung suka | angandika ring sang patih | lah timbalana | kabèh boyongan putri ||

29. lan bupati bang wetan kang nêja Islam | sandika kyana patih | nuding mantri nulya | kinèn ngirit sadaya | Pêcattăndha Trung Dipati | wus lumaksana | prapta byantarèng aji ||

30. sinambrama pabagya Sang Pêcattăndha | munjuk nuwun kapundhi | gya matur dyan arya | dera nglampahi dhawah | pangèstu dalêm sang aji | unggul ing yuda | purwa madya mêkasi ||

31. pramisorining [pramiso...]

--- 290 ---

[...rining] nata ing Bêlambangan | wus ingaturan manjing | dhatu prabayagsa | lan jêng ratu pêpagyan | bagya-binagya ing wuri | sri naranata | manjing paring basuki ||

32. wusnya angsung salam sang nata gya mahya | manggihi pra bupati | bawah Balambangan | kang sumêdyarsa Islam | ugi sinêmbramèng puji | sadaya nêmbah | sêmbah nuwun kapundhi ||

33. ingandikan majêng ingkang nyuwun Islam | kanjêng sultan pribadi | kang nutun sahadad | samana sampun tamat | wus kalilan ngaso sami | mondhok kapatyan | dupi antara ari ||

34. pra bupati bang wetan sampun kalilan | mulih lulus mandhiri | mêngku kithanira | lir adad kina-kina kina[32] | samya kinèn yasa masjit | ngeslamna para | Buda kang lami-lami ||

35. lawan malih nata paring partisara | byuha janji bupati | ingkang mangku praja | ayya mèngèng sakesya | sêdene tênayèng patih | ing Balambangan | kang wus dadya bupati ||

36. pinaringan partisara janji byuha | samana sampun pamit | tumênggung bang wetan | karilan lumaksana | tan kawarna anèng margi | praptèng puranya | agung kasukanèki ||

37. sarta Islamakên sagung balanira [ba...]

--- 291 ---

[...lanira] | saha wiyasa masjit | wus kathah oliya | mahbut Allah Tangala | kathah ingkang para kyai | amulang kitab | tataning gama Ngarbi ||

38. kawarnaa putri kang sangking Blambangan | tilas garwèng dipati | mangkya karsa nata | pinaringkên ki patya | Wanasalam Dyan Dipati | wus dhinawuhan | tata-tata miranti ||

39. winiwaha mulya lir pêngatèn kênya | sadarpa sukèng galih | dyah lan kyana patya | panggihnya tan winarna | tariman sampun katampin | binêkta marang | dalêm kapatyan mukti ||

43. Sinom

1. riwusnya ing lama-lama | Jêng Sinuwun Sultan Adi | Panatagama Bintara | karatonnya tata titi | brastha durtèng pakarti | karti dudu culika rut | botoh akèh kabêtah | kathah tobat marang masjit | narakarya sêpulur tan kara-kara ||

2. kêbo sapi bèbèk ayam | aglar nèng pangonan têgil | pari dadi palawija | pala kapêndhêm mênuhi | pala kasimpar dadi | sêdene pala gumantung | pajêp mung sawêntara | kèh têgal kailèn warih | rawa-rawa wana-wana dadi desa ||

3. pêkir papa sinung wisma | winisrama brana [bra...]

--- 292 ---

[...na] rugmi | kathah luwar sangking dama | sagung anak-anak yatin | pinaring wragat aji | boga wastra di lumintu | sirna ruganing praja | tani-tani wus sukarya | marga gung mring măncapraja[33] ||

4. mlijanu karta pêpara | tan darbe sumlang sadêmi | prapatan sinung pajuta | ratri sambang jaga margi | gêgiliran wong cilik | pasar-pasar wisma bagus | jinagèng agèn kathah | sinung lêlurah kang jagi | marma marta eca gung alit punggawa ||

5. akèh naradesa kaya | narapraja sugih-sugih | sêpulur pangupajiwa | sudagar wastra kèh prapti | lamun ana prakawis | gunat jawab glis pinutus | mupakat buwah praja | kang kasor narimèng galih | mila ya luhur kutamaning warta[34] ||

6. wadya prawira tamtama | gêgiliran jaga ratri | wadana Gêtaspandhawa | ingkang nata mubêng nagri | sumaktèng brajastra di | jaga pakewuh pri pupuh | yayah Jêng Sultan Jiat | putra Ibnu Ngumar Sait | prajèng Ngerak pangupayaning durjana ||

7. mila gêmah arja karta | sirna parangmuka têbih | satru dalêm jaya sirna | akèh pranatan waradin | sudagar santri tani | sinajar karênanipun | sadene tuwanggana | kawirêtja kang

--- 293 ---

nèng wukir | katimbalan nglêpak wisma jro nagara ||

8. dyijawara rêsi tapa | kang ulah puja sêmadi | sinarah sakaptènira | juru tênung dhukun sakit | pinisrama rijêki | wastra di sacukupipun | yèn ratri jroning praja | yayah rina kèhing janmi | têpi marga sinung tirta wisma dana ||

9. nuju ing sawiji dina | jêng sultan darbe pênggalih | nibali pra nawung kridha | ingkang tanèng wukir-wukir | Bantên kitha Caringin | Pandhegêlang Rangkasbitung | ing Batawi Jakarta | Bogor Bandhung lan Ciamis | ing Cianjur Kuningan Garut Sumêndhang ||

10. Ngrawa Carbon Têgal Batang | Pakalongan lan Sêmawis | urut pasisir lor wetan | Ngêrmbang Juwona lan Pathi | Blora Gêrsik Kêdhungpring | Nglamongan Panjang Sidayu | Surabaya Madura | Bangil Gêmbong Bangêr Tubin | Pugêr Krêksan Situbănda Balambangan ||

11. Malang Blitar Kartasona | Tulungagung ing Kadhiri | Srêngat Bêrbêg Pranaraga | Trêgalèk Madiun Granti | Bagêlèn Kartanagri | Lowanu Ngambal Sêmawung | Gêbumèn Banyuêmas | Cilacap lan Purwasari | Lêdhog Gawong tinimbalan mring Bintara ||

12. nadyan wong desa-madesa |

--- 294 ---

êndi ingkang ahli tulis | myang wong ahli craka basa | baut sastra pramakawi | sadaya dèn tibali | cegoh regok kaki jêmbun | kang digbyèng pramabasa | karsa dalêm sultan adi | hyun nyalini dina sasi taun Jawa ||

13. sinatunan têmbung Arab | duta kang ingutus mranti | wus lali lan nulya bidhal | ngetan mangulon lêstari | panglêmpaknya kapêsthi | dina tanggal sasi taun | sêdene pra ngulama | Arab kang wus putus tulis | kang wus nyata guna digbyèng palak dunya ||

14. sigêgên jêng mangun karsa | mangsuli carita nguni | sarisaknya Majalêngka | putra ampeyan sawiji | Dayaningrat wêwangi | lakinya Ratu Pabayun | ing Pêngging prajanira | tan arsa karèh narpati | nêdya blela mring kyasèng Sultan Bintara ||

15. dhasar ing Pêngging punika | nguni tilas praja adi | nagari Purwacarita | Kusuma Wicitra Aji | kang babat praja dadi | dupi wus dadya wana gung | ing mangke nêmbah arja | Sang Dayaningrat murwani | kanan kiring janma nganggêp tuwanggana ||

16. malah akèh nganggêp raja | Sang Dayaningrat tan apti | sadarpa gung kipa-kipa | sênêng karan Kyagêng Pêngging | tumular nyakrèng bumi | lama-lama [la...]

--- 295 ---

[...ma-lama] tan kêbut[35] | dene pakaryanira | kyagêng mung rêmên sêmèdi | mangêningkên sucipta yayah wran Buda ||

17. dhasar mêksih gama Brama | kalakuan Wisnu Murti | sring sidhakêp suku tunggal | ngukut păncadriya mati | jro jiwa datan kalih | mangeran ring dhèwèkipun | sing adrênging karsarda | suksma sarupa jêng kyai | kasatmata wus yayah mayăngga seta ||

18. marma kondhang jonaloka | tumutur tumular ti[36] | Kyagêng Pêngging sudigbyèng kak | tega pati rila rugmi | bèrboga wastra adi | dana mili siyang dalu | warnanên wali murtat | ngamal kadariyah yakin | asal wêrjit kasêbut Sèh Sitijênar ||

19. mirêng warta cocog ing tyas | klakuanira Ki Pêngging | sukarda marwata suta | Sèh Lêmahbang yun pinanggih | wisata glis tumrapti | jujug mêsjit tata lungguh | kyagêng rinoda pêksa | sêsalaman cara santri | rêraupan Sitirêta pasrangkara ||

20. kyai kula langkung bingah | paduka mangeran budi | ngêningkên sajuga karsa | kagyat kyagêng tanya aris | sintên dika kasih[37] | lan ing pundi wismanipun | umatur

--- 296 ---

kang tinanya | kyai kula Sèh Sitibrit | nguni băngsa sudra mangke manjing madya ||

21. antuk darajat sasêngkan | mangke ingaranan wali | sanès lan jênêng paduka | run-tumurun trah narpati | pramodèng tanah Jawi | bangsawan lêluwuripun | ing mangke têmah nistha | dhêdhukuh dadya wran tani | anèng ngriki babat nadur palawija ||

22. amba kumacèlu nêdya | panggya lan andika kyai | wus lami antaranira | kalêksanan lagya mangkin | pêrlonipun nêdyapti | dika kula bikak kawruh | samya ngabên sasmita | darêdah timbuling yagti | yèn sami wong wicagsana boya merang ||

23. botên isin muruhita | sokur pêthuk ing pênggalih | sarujuk tekat sajuga | ngantêpi ciptaning budi | sanadyan dadya glali | ajur mumur yayah glêpung | kêncêng madhêp tan ocat | labêt ngukuhi pênggalih | lah sumăngga mragat ayam babon seta ||

24. kinarya wuduk lêmbaran | Kyagêng Pêngging wus dhawuhi | parèstri olah rasulan | praptèng surup surya mantri | sumaji-saji mori | têlung kacu karya tutup | sinung sadalêm langgar | lênggah nèng èmpèr

--- 297 ---

wong kalih | nglairakên sasêmon Buda lan Eslam ||

25. kang kinarya nganti wayah | Kyagêng Pêngging jarwa ngênting | kabèh kawruh Budawaka | Sèh Sitijênar nampani | gya ngandhar ngèlmu wali | têrang têrus urut runtut | Dayaningrat wus tămpa | nyipta kabèh tan salingsir | mung basane têmbung Arab lawan Jawa ||

26. dangu mahyaning sêsmita | praptèng wanci lingsir wêngi | saking èmpèr manjing langgar | gandhengan asta tyang kalih | mori ginêlar nuli | Sitirêta lunggyèng kidul | majêng ngalèr susila | kyai agêng lênggah mungging | êlor majêng mangidul ayun-ayunan ||

27. susila adu wadana | Sèh Sitibang tanya kyai | pundi kang murba misesa | Kyagêng Pêngging tan udani | Lêmahbang dèn takoni | pundi plawanganing layu | Sitijênar tan wikan | kyagêng galihe katampi | lamun têmbe kyai manggya klowong dunya ||

28. Pangran Jênar kipa-kipa | sarwi ngandika ring kyai | puniku salah satus grat | kyagêng pasrangkara malih | punapa malbèng sêpi | yayah duk dèrèng tumuwuh | Sitijênar sru jola | sayêkti salah satus mil | kyagêng nabda

--- 298 ---

lah punapa manjing rahsa ||

29. ingkang jumênêng pribadya | umanjing sir dadya mani | tumrah kunthari-kunthara | sèwu dina mangan gêmbing | srudènge jisim mami | Sitirêta saya jêpluk | têmah kyai narima | nyuwun bèngêt Sang Sitibrit | sinajarwa uninong uning ananong ||

30. Kyagêng Pêngging sampun tămpa | ananging dèrèng nyanggêmi | mêksih kabudi ing manah | Sitibang têtanya pundi | palawangane pati | Kyagêng Dayaningrat dumuk | Sitijênar wus tămpa | ugata mêksih kabudi | tandya mêdal ambêng wuduk bubu lêmbar ||

31. ingkung babon gya pinurak | pinothèng-pothèng mrih wradin | samya mahyakkên sasmita | Sèh Lêmahbang lan Ki Pêngging | Sitijênar angambil | sirah ayam sarwi muwus | iki klowongan dunya | kyagêng ngasta ngambul dambi | apa iki kadhatone rahsa mulya ||

32. Sèh Jênar nyandhak jêroan | apa iki susuh angin | Kyagêng Pêngging surakatan | asta mubêng mobat-mabit | ngêbuti asta kalih | pajuta mati kakêbut | gumujêng kalihira | sadaya puniku silip | uning anong sajati-jatine [sajati-ja...]

--- 299 ---

[...tine] laya ||

33. têlung bêngi têlung dina | Sitijênar anèng Pêngging | kathah dènira jêjarwa | ênting surasaning kawrin | Arab kabudan yakin | ing sangkan paraning rujuk | dupi wus kasatmata | Sitijênar nulya pamit | wus kapungkur Kyai Pêngging brănta laya ||

44. Asmaradana

1. sasampunnya Kyai Pêngging | tampi sasmitèng uliya | wali Lêmahbang wijange | tambah sêtyambêg martana | kawruh muksyaning ăngga | bangkit jèrèng bakit ngêjum | têmah sirna marang iya ||

2. iya janma kang kakiki | wujut kak kiyamul kodrad | jumênêng anane dhewe | kawulane dadya sukma | Yyang Sukma dadya nyawa | nyawa sirna manjing suwung | wangwung ngêbêki bawana ||

3. ananing Allah wit dikir | dikir pan pona dad sipat | asma apêngal Yyang Manon | gumulung dadya antaya | rahsa ing dhèwèkira | iya sira iya ingsun | mosik jumênêng dad mulya ||

4. jroning alam kabir sahir | kene kona nora beda | amung manungsa anane | Kyagêng Pêngging Dayaningrat | wani nglairkê tekat | Allah majas wujut palsu | makikine[38] sangking asma ||

5. asma [a...]

--- 300 ---

[...sma] manungsa linuwih | mêngku sipat kalih dasa | Buda Islam sampun awor | rupa juga ro asma[39] | angèle wus waskitha | gampang kasampar kasandhung | Kyagêng Pêngging wus pratignya ||

6. wong nèng gung sapada sidi | mung mêngku kalih prakara | [...][40] | gusti lawan kawula | nging Ki Dayaningrat tanbuh | wong mati tan ngrasa laya ||

7. urip datan ngrasa mati | bêcik datan ngrasa ala | lêbdèng jiwa nora manggon | mangkana kawruh bijagsa | midrawèng cakrawala | tan ngupa kamulan layu | urip sumarah ing karsa ||

8. nguni jarwanya Sèh Abrit | kaanan bumi akasa | sagarardi sak isine | cêcukulaning bawana | [41] | surya căndra susup-susup | ananging manungsa tama ||

9. Allah dudu johar manik | nuju jisim budi rahsa | sahadad puniku palson | marma kyagêng arda nrima | wêwarah para sisya | kathah wong mănca sung-kusung | gumunggung ayun satmata ||

10. sadaya kajarwa yakin | mijang ngêblak blaka suta | sirna wadi tanpa tèdhèng | nora slamêtan rasulan | ulês sêsuci mboya | singa mara sinung kawruh | ngèlmu wadining bawana [ba...]

--- 301 ---

[...wana] ||

11. wus pas sadad sondêr dikir | angandhar nyataning pêjah | urip nèng dunya kanthane | lakune kasêdul sadad | kapalsu napi isbat | dikir pan sêmbahyang apus | kajarwakkên ring sakabat ||

12. mila murit ingkang tampi | marma sami kadariyah | nyirnakkên Allah wujute | nganakakên asmanira | tansah dan anggêp dora | kabèh-kabèh saka ingsun | siksa sangking sapêpadha ||

13. Kyai Dayaningrat Pêngging | putus pramèng kawruh dunya | ngakerat dunya ênggone | syarga nraka anèng dunya | gusti kawula dunya | mati urip dunya amung | lah sumăngga kagaliha ||

14. mantêp kêncêng budi siji | Ki Pêngging pamunah laya | wus tan mèngèng satiksyèng dom | dènnya mancah pra agama | Buda Islam dupara | gama parasdyaning palsu | rêraton anguyawora ||

15. kasêdul sangkaning bayi | praptèng tuwa manut rowang | sêka kumpulane rare | tuwa kumpulaning tuwa | kajarwa asma sonya | wujut ngamadaka palsu | tan wruh wandane gusthika ||

16. tuhu nuksmèng tyas utami | Kyagêng Pêngging sudibyèng kak | ing gunardika

--- 302 ---

wèh layon | putus kartining pralaya | ing kene kona kêna | sirna pabudi tyas liwung | santosa tyasnya nirmala ||

17. tuhu wicaksona murti | pramana mangulah prana | păncadriya pirantine | paningal gănda pamyarsa | pangucap kumpul juga | tajêm tumêmpuh lir punglu | dera mèt kawruh utama ||

18. dhasar putus byuha murti | sadaya kaanan dunya | sangking manungsa asmane | manungsa padha manungsa | dene ratu lan wadya | nata rintên ratri bujug | dora kang tanpa wasana ||

19. marma ratuning agami | jatine ratuning cidra | wus mangkono salamine | wani ngaku dikir pana | nyatane wong supêna | wruh sarwendah aning turu | budayaning cipta maya ||

20. sigêgên kang digbyèng kawrin | warnanên Sultan Bintara | wus angsring mirêng pawartos | wêka pangarsa narendra | Sinuwun Brawijaya | asma Jêng Ratu Pabayun | kagarwa Ki Dayaningrat ||

21. akêkutha anèng Pêngging | tan ngidhêp marang Bintara | malah angirup para wong | kathah samya muruhita | kawruh muksyaning ăngga | nanging pamêdharing ngèlmu | nyulayani pra oliya ||

22. wiji sangking Sèh Sitibrit |

--- 303 ---

murtat tekat kadariyah | tan nganggêp Allah kyasane | mrojol sangking kitab Kuran | malah ngaku Pangeran | wong kang têbih-têbih kerup | samya nut murang agama ||

23. mangrusak gumlaring dini | mustapa nayakaningrat | kang hyun kanggo salamine | praptaning dina kiyamat | durung têka mèh rusak | anyênyampah buka sintru | miyak wadining bawana ||

24. wus gumlar nêmbah Yyang Widi | sarengat Nabi Mukamat | dadya ling-aling lakyawon | mangkya Kyagêng Dayaningrat | migêna gama Arab | maido sarak kang maksus | kanjêng sultan langkung duka ||

25. gya nibali Dyan Dipati | Wanasalam pêpingitan | lan pangulu kêtip anon | wus prapta sumaos ngarsa | ngandika jêng pamasa | paran paman wartanipun | ing Pêngging ana punapa ||

26. kyana patih matur aris | dhuh sinuwun tadhah duka | lêpat dèrèng tampi wartos | gêjawi raka paduka | Jêng Kyai Dayaningrat | ing Pêngging tan nêdya sujut | marang jêng paduka nata ||

27. mung ngantêpi dadya tani | wisma nanêm karang kirna | kêdhik sujonamba batos | narendra

--- 304 ---

malih ngandika | bênêr aturmu paman | mangke mêntas anggêguru | mring wali Sèh Sitirêta ||

28. wusnya tampi wijang ngèlmi | mangkyambêg durtèng agama | mring kyasèng Allah maido | malah dardahing pawarta | ki agêng ngaku Allah | tekat kadariyah junun | tingkin sudarsaning Kuran ||

29. anyênyampah ngisin-isin | mring mardika wali sanga | jênênging kraton maido | mêmoyok yayah duskarta | masjit minulya arja | narik suselayu patut | ngidhêp dhawuhe Dad Mulya ||

30. mangke kakang Pêngging tingkin | rumajong arda walepa | culikèng jagat ayune | ngèlmune ngămbra midrawa | ring măncadesa liya | kondhang kasumbagèng catur | derambêg sêtya parasdya ||

31. patih manawa manawi | mindakèng karaton mulya | jêr padha warising rajèng | pamilau arsa ngămbra | yogi siniram tirta | sarana prajurit nglurug | Pêngging cinêkêl ngayuda ||

32. patih munjuk adhuh gusti | sampun kapukul ngayuda | nistha jênênging karaton | botên mènpêr satus yuta | punika tyang dhadhêkah | boya pasang umbul-ubul | mung nglanggar sarak agama ||

33. mung kalbêt prakawis sipil [si...]

--- 305 ---

[...pil] | mênawi parêng karsendra | katimbalana kimawon | ingkang klayan dhawuh krama | mamrih kerit sumewa | nata sarujug gya nuduh | mantri kalih lumagsana ||

34. tan kawarna anèng margi | praptèng Pêngging jujug nglanggar | panggya kyagêng lênggah ijèn | mantri prasaja yèn duta | sangking nagri Bintara | kautus ingkêng sinuwun | paduka kyai ngandikan ||

35. mring Dêmak panggih sang aji | kerida salampah kula | Kyagêng Pêngging manêbda lon | hèh duta sakêthi trima | katimbalan narendra | lah punapa pêrlonipun | kula tan darbe pêrkara ||

36. wontên ngriki nanêm gagi | babat wana ngupa jiwa | atas karsaning Yyang Manon | yèn mêdal tanêman kula | kênthang jagung katela | kula têdha lan Hyang Agung | ingkang paring prentah gaga ||

37. tatkala macul lan gusti | ngundhuh-undhuh lan pangeran | mangke sapadhaning uwong | nibali marang manira | ngrika wontên punapa | mung pangran lan asmanipun | kang boya pisah sakesya ||

38. dene kula dèn timbali | mêsthi mopo botên arsa | yèn botên kalih kang momong | sênadyan purun kawula | yèn kang

--- 306 ---

momong tan arsa | pripun gèn kula lumaku | mila tangèh nêdya seba ||

39. jandika matur sang aji | makatên wangsulan kula | Kyagêng Pêngging botên mopo | nanging kang momong tan arsa | nulya duta pamitan | kyagêng manthuk wus lêstantun | tantra wus prapta Bintara ||

40. nulya sowan sri bupati | mantri dyi matur prasaja | Kyagêng Pêngging wangsulane | daruna madya wusana | kagyat sri naranata | pamopone pasang jalu | lyir gadhungan kêrtu lima ||

41. tandya nimbali kya patih | kerit pinaringan wikan | ngungun dyan pati ature | pukulun sri naradipa | yèn parêng padukendra | dalêm pyambak kang lumaku | panggya lan raka paduka ||

42. amba sandi tiyang alit | nglugas sumbaga lir sudra | bêkta kanthi sapantêse | mangkyamba kang sagêt ngira | punapa kang kinarsa | barès tuwin botênipun | rujug narendra ngandika ||

43. yèn mêngkono patih bêcik | sira dhewe kang kêpanggya | cukup sakarampungane | nanging sun paringi sira | pralambang tigang warna | kakang aturana ngêcup | sandika patih lumaksa ||

44. mung kanthi punakawan tri | wus lêpas kirdhanya prapta | dhukuh Pêngging têtanya lon | ring

--- 307---

wong macul anèng natar | tur wruh kyagêng nèng langgar | pêrlu lagya imbal wuwus | lan kang murwèng dhèwèkira ||

45. kagyat kya patih duk marsi | wangsulane wran kathokan | patitis timên wuwuse | dyan pati laju mring langgar | uluk salam ping tiga | kyagêng minggu tan sumaur | patih nulya manjing langgar ||

46. lênggah kyagêng tan kaèksi | rèh kaling-kalingan gubah | kang pindha myak gubah dongong | mèksi cahya lir purnama | ngawêng mêngku wangkawa | kya patih pasrangkara rum | hèh Alah kula utusan ||

47. dèn utus Hyang Maha Sukci | kang mêngku kraton Bintara | panggih ring dika Yyang Manon | kang majênun dhèwèkira | nolih kyagêng nupiksa | ring tamu kang lagya rawuh | manthuk-manthuk mawa cara ||

45. Dhandhang[42]

1. sêsalaman kyagêng lawan patih | wusnya samya matur karaharjan | Kyagêng Pêngging têtanya lon | hèh dutamba yun wêruh | jarwanipun andika angling | kodhêng manah kawula | paran têgêsipun | jandika ngaku utusan | dèn utus Hyang Maha Suci kang bawani | karaton ing Bintara ||

2. kinèn panggih Yyang Manon nèng ngriki | kadipundi niku

--- 308 ---

jarwanira | patih tanggap gya kajèrèng | makatên têgêsipun | kanjêng sultan sipat kawadis | barang polah sadarma | atas karsanipun | Yyang Maha Sukci jro jiwa | artènipun budi punika lyih bêrsih | tan rêkasa tan lara ||

3. laju praptèng ngriki nglagsanani | nglairakên kang mêngku Bintara | panggya ring dika Yyang Manon | makatên jarwanipun | ngrika ngriki botên salingsir | nadyan ingkang dinuta | makatên jronipun | nadyan sipat anyar kita | nanging lamun Maha Sukci botên arsi | raga tanpa budaya ||

4. kyagêng manthuk pêthuk kang pênggalih | wus manyakra duta wong bijagsa | katara sangkêp sabdane | sumèh netyèsmu tangguh | kaduk madu têmbung mlasasih | rumêngkuh ngaku sanak | mêngkona turipun | dhuh kyai atur kawula | nglêganana paduka dipun aturi | kasuprih mangun wirya ||

5. rayi dalêm jumênêng narpati | darbe sudara nèng madyèng wana | onêng datansah sumêdhot | wah malih rinta prabu | mangkya mirêng pawarta yakin | paduka ngaku Allah | tur kinarya muruk | mijang ring wong măncapraja | yèn kalantur mênawi ngrisak nagari | tan yogya linampahan [li...]

--- 309 ---

[...nampahan] ||

6. para janma ingkang sampun tampi | paring dalêm kawruh ngaku Allah | kathah kasasar tekate | mangrisakkên karta yu | têmah ngămbra durtèng pakarti | kyèh datan ajrih siksa | nrah pêpacuh bagus | juti culikarda ngêrda | Kyagêng Pêngging manêpda kula tan apti | pinrih sowan narendra ||

7. ingsun namung dhukuh nadur pari | palawija karang kirna desa | de sri nata ganggu gawe | wran mêdharake ngèlmu | kadarbe wong mangulah budi | mung kang sênêng kiwala | kita tar nênungkul | boya idêr mrika-mrika | punapa ta ratu mlarangi wong mirit | jêr sênênge priyăngga ||

8. lawan langit bumi kabèh iki | dudu darbèke sri naranata | yêkti kaduwe wong akèh | darbèke ratu amung | pajêg rèhning wus gawe dhuwit | wangsul isining dunya | wong akèh kang gadhuh | milèngong nora kabawah | lan kaprentah gêjaba ingsun pribadi | sajroku ana Alah ||

9. gih punika kang kula lampahi | rintên ratri rèh dhawuhing manah | kang kulèsthi sapakone | jêr yèn budi tan ayun | raga kula tar bangkit mosik | jumangkah kadung tuna | nir budaya suwung |

--- 310 ---

dene yèn kêparêng manah | nadyan cape sayah ring gunung Marapi | sayêkti kalêksanan ||

10. sampun dhumatêng Dêmak nagari | yèn pinarêng lan budi kawula | ing Bintara pintên dohe | Mêkah Madinah tutuh | rèhning amba tyang dados abdi | nut dhawuhing bêndara | mopo tan pakantuk | sêdene dhawuhing Allah | lamun cipta tan arsa nora nglakoni | yakti tan dadi bahya ||

11. marma barang solah tingkah mami | amung cumandhong karsaning manah | wusana dika kinongkon | nibali ring pukulun | nging wardayaning sun tan apti | yêkti arda nglêngkara | rêmuk dadya glêpung | boya sing lir cipta kula | duta matur yèn makatên dika kyai | datan yugya pinanggya ||

12. ratu punika ratuning bumi | kinuwasa misesa midana | ring wong kang darbe lakyanèh | tan wun dadya panutun | wradin wong tan wêdi Yyang Widi | budi dan anggêp Allah | kasasar kêlantur | bênêr ijèn salah kaprah | kêdah manut kang kaprah lakuning urip | dados nama mupakat ||

13. kukuh kuwat kathah kumpul budi | santosa dunya praptèng ngakerat | ringkih manungsa kang nyalnèh | sapintên bangganipun | otot kawat balunga wêsi | kulit waja malela | botên [botê...]

--- 311 ---

[...n] sagêt kukuh | kawon kathah marma kula | sangêt-sangêt mugi sowana sang aji | dhasar sudara tuwan ||

14. dhawuh dalêm rinta sri bopati | yèn paduka kêkah ngaku Allah | kapurih mêcah pasêmon | cangkriman warni têlu | salah juga kin ngêcupi[43] | sokur tri bangkit buka | kyagêng manthuk-manthuk | angandika kadiparan | pralambange yèn kula sagêt nguculi | lah mara lairêna ||

15. duta matur pralambang narpati | tigang pasal kapurih abatang | urip pundi panggonane | kang kaping kalih ngèlmu | lah ta pundi kang nama ngèlmi | pasal kang kaping tiga | ingkang ngajak tuhu | punika wujut punapa | Kyagêng Pêngging Dayaningrat mèsêm sarwi | mancas kanang pralambang ||

16. ingkang nama ngèlmi kawruh mami | ingkang datan katingal satmata | pami Dêmak sangking kene | iku wastaning ngèlmu | dene pasal kang kaping kalih | pundi panggenan gêsang | uninong ananung | pasal cangkriman ping tiga | pundi ingkang ngajak nedra sabên ari | tirtaning kang nirmala ||

17. banyu kayat têmbung wran Ngarabi | nguni kang dèn ngupaya Sang Sena | banyu pêrwita arane | nênggih panggenanipun | uning unong unong ananing | sumăngga [sumăng...]

--- 312 ---

[...ga] kagaliha | lêrês tuwin luput | kawula nyuwun katrangan | duta nabda lêrês lêpat bab puniki | kilap karsa narendra ||

18. botên langkung mung mangèsthi-èsthi | rawuh dalêm umargèng rayindra | samya pêpanggihan barès | rèhning sami sadulur | lami tinggal tan dèn wekani | de paduka lênggana | tumanduk ri prabu | ngêntosi dhawuhing cipta | lah punika sumlang kawularda inggih | yèn rinta salah tămpa ||

19. bokmanawi kagalih ngregoni | gêmpal tata têtrêming nagara | rèh paduka tênayèng katong[44] | tilasnya dèrèng alum | botên elok tuwan dadya ji | boya mokal dupara | tur putra pabayun | ing mangkya mêdharkên rahsa | bokmênawi wontên wran kang bêbaluhi | tan wun dadya rubeda ||

20. lah mêkatên kemawon jêng kyai | sae mundhut inah tigang warsa | kinarya sêngadi mopo | kawula ingkang tanggung | nanging yèn wus jangkêp tri warsi | inggal-inggal paduka | tumanduk ri prabu | kyah agêng paksa kêkah[45] | sampun ingkang sakit nadyan praptèng pati | kêncêng mantêp tan ocat ||

21. sajatine kawula wong mati | rintên ratri pati tanpa suda | nèng dunya

--- 313 ---

pintên lamine | dangu kawula idhup | tamtu mulih ring asal urip | pati sugih druhaka | siksa nraka agung | wangsul benjang yèn wus gêsang | tanpa petang langgêng ing salami-lami | sru kagyat kyana patya ||

22. kadospundi sabda dika kyai | sapunika ingaranan pêjah | benjang idhup salamine | puniku têmbung klèntu | kyai nabda lêrês wran pingging | mangkya ingaran gêsang | benjang ingran layu | puniku santri musibat | mêndêm tabat ngarêp-arêp durung mêsthi | lah duta ge mundura ||

23. sigra pamit datan dèn wangguli[46] | palarasan tan cinitrèng marga | praptèng Bintara sumaos | têkap ngabyantra prabu | kyana patih munjuk sang aji | dhuh pramodaning dunya | wisatamba sampun | panggya Kyagêng Dayaningrat | tinibalan mopo tan purun samangkin | dalêm paringi lambang ||

24. tigang pasal tumulya dèn cupi | tumarêcêp cocok tanpa cacat | cêtha cêpêngane cècèg | malah purun adumuk | dhatêng sasêngkraning pra wali | de patrap kalakuan | wus yayah majênun | botên karya sumlang praja | dados manèk awit mopo dan tibali | amba purih mangêrbak ||

25. dalêm [da...]

--- 314 ---

[...lêm] turi nah tigang warsi[47] | nuntên sowan arinta narendra | sampun dados damêl anggèr | sangking pamanah ulun | benjang lamun tumraptèng janji | tri warsa datan sowan | gampil krenahipun | nata dhangani wardaya | jêng pamasa ngandika hèh patih uwis | mundura ganti karya ||

26. mêngko ana wali ambêg luwih | nguni angsal wêrjit băngsa sudra | tur tarbukaning tyas bolong | kanugrahan wignya wruh | Sunan Benang ingkang murwani | tatkala mijang tekat | muruk mirit kawruh | ring Jêng Sunan Kalijaga | nèng madyaning rawa nitih giyuta di | Sitibang tantuk jarwa ||

27. mila mangke tyasnyarda kalair | umahya tekat kajabariyah | kadariyah maksut tyase | andhaku datolahu | budi eling dan anggêp gusti | Pangeraning manungsa | sinipat rongpuluh | maujut kidam lan baka | mokalapah lilkawadis nyulayani | gumlarnya sipat anyar ||

28. kodrad iradad jumnêngnya ngèlmi | kayan samak basar lan kadiran | muridan ngaliman kèhe | dyi dasa cacah kaglung | rumakêt ring budi lêstari | têgêse wujut mutlak | dadya dad ranipun | tar wiwitan tar wêkasan |

--- 315 ---

nora sangkan nora paran ngenal yakin | ing tekat sipatolah ||

29. Sèh Sitibang manganggêp Yyang Widi | wujut kang nora katon satmata | sarupa yahyah dhèwèke | sipat-sipat maujut | lyir wujutnya blêgêr tar kèksi | warnarja tarpa ceda | mulus alus lurus | kang nyata tar sipat dora | lirnya kidam dhihin jumênêng tar kèri | sangking pribadènira ||

30. basa baka langgêng tanpantawis | nora rumakêt lara kapenak | jumênêng nèng kona kene | tan iki nora iku | mokalapah lilkawadisi | pardikane tar beda | lan anyar sêdarum | barang wujut gumlar ing rat | nyulayani sipat santero dumadi | jroning budi akasa ||

31. têmbung kodrat kuwasa pribadi | nora nana kang mindha kang madha | tur wuda datanpa prabot | ngadam praptaning wujut | jaba jêro sebak sawiji | iradad têgêsira | karsa tanpa ngêrbug | ngèlmu ngawruhi kaanan | ingkang pisah sangking păncadriya têbih | ngungkuli punglu tigar ||

32. kayat urip sarana pribadi | têb-tinêtêp kayunnya pribadya | uripe datan nganggo [ngang...]

--- 316 ---

[...go] roh | tan milu lara lampus | sirna bungah susah tan apti | jumnêng sakarsa-karsa | yeka kayat kayun | Sèh Sitijênar waskitha | têtela trang pratistha janma linuwih | marma ngaku Pangeran ||

33. salat limang wêktu puji dikir | prastawèng tyas karsanya pribadya | bênêr luput tămpa dhewe | sadarpa gung lumintu | badan alus kang muna karti | ngêndi ana Yyang Sukma | kajaba mung ingsun | midêr dunya cakrawala | luhur langit sabta bumi tan pinanggih | wujutnya Dad Kang Mulya ||

34. ngêndi-êndi kabèh sêpa-sêpi | ngalor ngidul ngulon ngetan têngah | kana-kana mung nèng kene | kene wujutku dudu | anging jroku wang-uwung sunyi | isi daging jêroan | rarêgêt dalêmku | dudu jantung dudu utak | ingsun ingkang pisah lir culing jêmparing | Mêkah Mêdina kambah ||

35. dudu budi angên-angên ati | bènèh eling bènèh pikir niyat | hawa barat napas dede | suwung lan wangwung dudu | wandan ingsun jisim kawadis | tan wun dadya gusthika | bosok mawor lêmbu | napasku midrawèng jagat | bumi gêni banyu angin mulih asli | yeka anyar sêdaya ||

36. wangsul ingsun dad kang nuksmèng

--- 317 ---

wadi | Pangeranku sipat jalal kamal | nora karsa salat dhewe | nora karsa dhêdhawuh | de wong salat pakoning budi | budi lanat musibat | tan kêna ginugu | solan-salin parentahnya | mlecla mesle tak têmêni nora dadi | tansah ngajak durjana ||

37. jroning salat budiku mêmaling | jroning takbir budi nyidrasmara | têrkadhang melik ngamal kèh | seje dadtul guyubu | ingsun iki kang maha sukci | dad maolana nyata | kang layu kayapu | tur nora kinaya ngapa | mila Sitijênar budi nuksmèng Widi | ngrusak gama mustapa ||

38. sadad salat puasa tan arsi | sadene jagat kaji mring Mêkah | kabèh iku ujar pasol | nora kêna kagugu | wong Slam têtêp durjanèng budi | ngapus silaning titah | sinung syarga besuk | wong bodho kanut uliya | tur nyatane padha bae nora uning | seje ingsun Lêmahbang ||

39. wus tan gugu mrentahnya si budi | jêngkang-jêngking nèng masjit ting krêbyah | ganjarane besuk bae | yèn wus ngapal bathukmu | sajatine nora pinanggih | nèng dunya bae padha | susah amêmikul | lara sangsara tan beda | marma Sitijênar mung ngantêpsi[48] siji | gusti dad maolana ||

--- 318 ---

40. kang sudigbya gunardika murti | tur kang mêngku sipat kalih dasa | atas sabarang karsane | kawasa murwèng kawruh | ingkang jalal jamal kamali | nirmala muka warna | yayah kyulanipun | wahyèng ngăngga tan kêtara | sakti murti muruni salir dumadi | midrawèng endraloka ||

41. yeka ingkang dèn anggêp Hying[49] Widi | Sèh Sitibang darmèstutyèng karsa | sumarah ing rèh dhawuhe | tekat jabriyah kaglung | kadariyah wibaning lair | madhêp mantêp tur panggah | kuwat ing pangangkuh | kukuh kasmala nirmala | angantêpi urip praptèng layu yakin | tan mangran budi cipta ||

42. ciptaning tyas Sitijênar mèksi | wujutira dan anggêp Mukamat | mêngku rasul sanyatane | Mukamat sipat kudus | anyar urip padha nguripi | rumakêt păncadriya | sajatine gadhuh | yèn wus kapundhut kang gadhah | dadi lêmah bosok mumur sipat najis | paran dadya gandhulan ||

43. budi pikir angên-angên eling | tunggal wujut ngakal kênèng edan | susah bungah lali sare | budyakèh nora jujur | rina wêngi mangayu drêngki | mrih arjaning priyăngga | rusaking lyan sokur | srèi pagsa [pag...]

--- 319 ---

[...sa] nrak durjana | tur gumunggung umuk têmah tibèng nisthip | ngalani wandanira ||

44. gêtun yèn wus tumiba ing dhiri | dede dad wajibul mulyaning rat | mukaning budyayu kabèh | wandaning janma amung | ana wujut karsa sawiji | iku bae kang bisa | nglakoni sadhawuh | loro manèh kawowoa | lah ta êndi pisahe nyawa lan budi | supaya janma nrima ||

45. Sèh Lêmahbang rumakêt jatining | êndi sirnaning antaya mulya | dad kadimah budayane | dalilnya ramaètu | sah manganil kaos lir nèki | uculing jêparing plas | gandhewane êmbuh | srengat tarekat kakekat | myang makripat palastha datan kabudi | dadtu jalining wanda ||

46. lapal Allah tanpa warna kèksi | sajatine bingung êmbuh nyata | tan wun jumênêng wit ingong | dadya musamanipun | jati asma nèng almisani | antaju minkaolina | cukul rèh pamuwus | Mukamat duk rasulolah | wujut kapir sipat jisim bosok mimir | mumur dadya bantala ||

47. seje kita nuksmèng dad linuwih | kang sadarpa sakti digbyèng la[50] |

--- 320 ---

mindrawèng rat Pangran ingong | murba misesa ulun | sipat wahdaniyat sawiji | êsa langgêng ngêmbara | angungkuli punglu | dudu budi dudu nyawa | dudu urip tanpa sangkan sangking pundi | tanpa paraning sêdya ||

48. dad sajati yayah wujut mami | tan rêkasa kodrat sangking sira | mlaya sak paran-parane | datan nglak nora lêsu | tanpa lara lapa datan nglih | gunardikarjèng kara | adrêng cipta luluh | lêbdaning sangking jiwangga | tan katara wahyanya myang anglabêti | panggya wus anèng kana ||

49. Sitijênar pamêngkuning urip | anèng dunya puniku pralaya | nyipta rintên ratri maot | purwane nguni idhup | ngunadika Pangran Sitibrit | ngungun rumakêt pêjah | kèh nraka karasuk | lara lapa adhêm panas | putêg bingung risi susah jroning ati | seje urip kang mulya ||

50. luhur idhup jumênêng pribadi | nora lêlantaran babu bapa | sabarang karsane dhewe | tan asal angin banyu | bumi gêni kabèh kawadis | ngalap ring karusakan | kyèh siksa tinêmu | Allah jumnêng sipat anyar | ngothak-athik [ngothak...]

--- 321 ---

[...athik] ngêthukkên panggawe silip | durjananing agama ||

51. punggung mudha kadhadhung ing budi | cipta eblis lanat pikir setan | angên-angên coba gêdhe | nênutun ing tyas dudu | wong katiban naraka api | sing panggèndèng tyas arda | ngrakêt catur napsu | irêng abang kuning seta | pira-pira malêgsa makêthi-kêthi | rumangsuk ring jiwangga ||

52. gêtun timên uripku ing nguni | têmpat sukci tan kacakrabawa | nora arah nora ênggon | irêng bang putih êmbuh | ijo biru dadu myang kuning | kapan sun bali marang | uripku rumuhun | wahyèng pati madyapada | kok mangkene rasane wong duwe ati | wong mêngku kayat anyar ||

53. kayun anyar kodrad irati[51] | ngèlmu samak basar lan ngaliman | ngêrkasa timên rasane | pănca pranawa kudus | kabèh wandaningsun sakalir | jro jaba nora nana | kang ginawa mantuk | kanggo uripku nèng kana | datan kêna kabèh iku wujut najis | jêmbêr tur dadi wisa ||

54. rupa-rupa gumlar jroning pati | pati dunya ngrakêt păncadriya | nganggo kayat kayun kiye | cacah sipat rongpuluh [rong...]

--- 322 ---

[...puluh] | mèh kapecut dèrèng sun mati | panasaran mayuta | suwarga nraka gung | kabèh iku kêna rusak | wujut bathang rêgêt arus amis bacin | cocok daliling Kuran ||

55. waama ngamaluje patuni | gumlar ing ngalam dunya gusthika | ah bênêr timên makmaknane[52] | mayit pating bilulung | ngetan ngulon ngupaya dhuwit | busana wastra boga | sêsotya mas mancur | tan wruh yèn wănda gusthika | nunggang kreta jaran tèji iku mayit | suprandene bêg siya ||

56. wong dan seba ngêthingkrang nèng kursi | sugih băndha wisma di rinêngga | mêmpêng timên pênganggêpe | apa ta nora wêruh | barang gumlar dunya sakalir | hyun pulastha gusthika | pradene gumunggung | o o wlas timên sun padha | nora wêruh yèn ciri wandane mayit | de arda kumawawa ||

57. drênging cipta Jêng Pangran Sitibrit | kayun kayat manpir raganingwang | nyipta kasasar kirdhane | dunya naraka agung | mêngku păncadriya kawadis | lumyat gumlaring jagat | surya susup-susup | mulat isining dunyarja | rajabrana dadya panggodhaning eblis | marma tekat pulastha ||

--- 323 ---

46. Sinom

1. derambêg olah jiwita | Sèh Sitijênar kaèksi | mêrkang sangking wali sanga | jêmak kiyas dalil kadis | dumadya nyakrèng warti | kasup kasumbagèng catur | budyarda widayaka | gunardika ngatas kawrin | kang cinipta dunya ingaran pralaya ||

2. jroning pati syarga nraka | bagya cilaka pinanggih | yeka gumlaring dunyarja | cocog dalil Smêrakandhi | anal mayit pi kubri | wayajitu kalibahu | satuhune wong pêjah | rumakêt jiwangga manggih | gêganjaran sawarga lawan naraka ||

3. iya iku sak punika | wus pira-pira nandhani | suprandene wali astha | kabèh kalèru nampani | mangkya ingaran urip | têmbe ingaranan layu | măngka Sèh Lêmah Abang | rintên ratri mardi budi | guna digbya kawruh pamuksyaning angga ||

4. muritnya Jênar sakawan | kang wus bijagsa kakiki | juga wasta Ki Bisana | Ki Wonabaya kêkalih | Jawilapa kaping tri | Ki Pringgabaya ping catur | punika kang wus pona | pêrmanêm tekat sawiji | arda mantêp kamulyan ing têmbe gêsang ||

5. dunya ingaranan pêjah | mêngku ala lawan bêcik [bêci...]

--- 324 ---

[...k] | lara kapenak myang bagya | cilaka nraka suwargi | têtêp sajroning pati | marma kabèh kang wus gilut | ngrakêt kawruhnya Jênar | rintên ratri minta urip | tan kawawa nglakoni mati nèng dunya ||

6. kathah para sisyantara | kathah măncadesa nagri | ngatas pajaran mulyarja | wrêda truna jalu èstri | rêraton ulah pardi | de pamêjanganing kawruh | Lêmahbang ring sakabat | winruhkên purwaning urip | kaping kalih winruhkên plawangan gêsang ||

7. ping tiga panggenan benjang | urip langgêng taknêpati | ping catur panggenan pêjah | kang linakonan samangkin | lawan malih paring wrin | jumênêngnya Yyang Maha Gung | dadining bumi kasa | murit ingkang samya tampi | kathah samya manglalu ngupa pralaya ||

8. nekat nujang ngupa gêsang | pinrih rinampoh kèh jalmi | wignya pulang tampat gêsang | nèng dunya nraka manggili | tyasnyarda magring kingkin | lumyat sagunging wran bingung | para mlijanu karta | kèh ngili samya andhêlik | kamigilan tinujang jalma tekatan ||

9. ing pasar gègèr puyêngan | wran nekat ngupaya urip | mamrih sokolan tabokan | kapêthuk mangunus kêris | gya kunjuk sri bupati | tumulya

--- 325 ---

dhêdhawuh mikut | agèn[53] nulya binănda | tantra wus umangsuk sêpir | nèng jro bui samya manglalu pralaya ||

10. mongkadrèng nganti kapriksa | katrangan sêbdaning kapti | derambêg karya ru-ara | sri narendra dhawuh malih | kinon ngupaya murit | Sèh Lêmahbang kang majênun | hyun kapriksa ingkang trang | dupyantara ari malih | nuju pasar ana catur sabat Jênar ||

11. karya dardah murang kaprah | gya pinikut ring sar-asir | Bintara wus katalenan | kunjuk ngarsèng sri bupati | kapriksa paran marmi | murang silaning tumuwuh | mangsuli sondêr krama | mung ngupa dêdalan urip | datan kuwat lami nglakoni palastra ||

12. ingsun murit Pangran Jênar | kang gunardikèng rat ngèlmi | putus duga lan watara | tela wran nèng dunya mati | jlèh bosên sun umêksi | gumlaring bangke ting blulung | mayit sapirang-pirang | Lănda Cina panglu mayit | jagsa kabèh susawa têmah gusthika ||

13. pra oliya wali astha | santri-santri kyai-kyai | bathang kabèh datan wikan | suprandene pagsambêg dir | kumawawa wong mati | pinardi nêmbah Yyang Agung | sujut kang asma Allah | sajatine [saja...]

--- 326 ---

[...tine] dunya iki | nora bisa wruh sipatira Yyang Sukma ||

14. guyup murit Pangran Jênar | murang kramaning lastari | èstri priyambêg birama | marma kyèh prakara dadi | darêdah yayah baring | warna-warna ngupa layu | ana ngajak sudukan | tumbak pêdhang nyiptèng galih | supayenggal tumrapta ing jaman gêsang ||

15. murit kang tan nglalu jiwa | ngumbar syara arda têngih | mangrang[54] kanan kering tăngga | mangkana wuwusnya murit | hèh kănca-kănca mati | andadèkna kawruhamu | sira kênèng pitênah | pabujuke wali mukmin | kang supadya wignya ngrèh wong sondêr arta ||

16. samana Sultan Bintara | saklangkung ngungun ing galih | dupi kathahing prakara | tantra ari tampi warti | si măncapraja dèsi | ana wran liwung rèh dudu | ngrusak arjèng pranata | ngayupati lyir punagi | wran kunjana muritnya Sèh Sitirêta ||

17. sadene sri naranata | tampi pratelaning patih | lapuran pratinggi desa | wontên durkêrtartèng bumi | datan amrih upami | mung ngupadi marga layu | sabatnya Pangran Jênar | nata ngandakan[55] kya patih | lah ta paman sira nglakokna duratma ||

18. caraka nrang karti baya | sandi tarèk talbul ngèlmi | marang

--- 327 ---

dhukuh Krêndhasawa | ring mismèng Pangran Sitibrit | trus lan sulayèng kapti | dera dum kawruh bêg guru | mahya wijang panasar | gèsèh adating lêluri | matur nuhun sandika rêkyana patya ||

19. manuding kalih punggawa | kang ahli surasèng ngèlmi | tur wran gunardikèng sastra | surtining sêtyambêg wasis | sandika wisata glis | praptèng Krêndhasawa dhukuh | wus panggya ngataskara | ing rèh lukitaning galih | Pangran Jênar sigra jarwa tanpa krama ||

20. kathah panunggilanira | sêsarêngan tampi ngèlmi | dupi tra[56] caraka karwa | pamitan mantuk lastari | tantara anèng margi | têkap Bintara cumundhuk | ngarsèng rêkyana patya | gya dan irit manjing puri | kunjuk nata punika wran kang dinuta ||

21. purwa madya wusana tlas | saklangkung ngungun sang aji | ngandika hèh paman patya | paran pamunahmu dadi | sranane brastha wèri | Sitibang maling majênun | manawa ngămbra-ămbra | buka rusiyaning bumi | kyana patih dhuh gusti langkung prayoga ||

22. sampeyan dalêm utama | matur pramudaning wali | wontên durtaning agama | murang pranataning dini | rèhning punika [puni...]

--- 328 ---

[...ka] mukmin | tur antuk asma kasêbut | pangeran tăndha muktas | kawruh susilaning gami | ngatas karsanira kanjêng wali astha ||

23. pêthuk narendra busana | rumanti tindak ring masjid | tantra prapta tur pranata | pra wali kurmat sira glis | gya sêsalaman trampil | gantya-gantya tata lungguh | parêg lan sri narendra | cinakra na karya gati | wali astha rèh lukita pasang karna ||

24. tandya Sinuwun Bintara | matur ring Benang sang yogi | pukulun atur uninga | ing waktu mangkya kèh janmi | nglêbur pranatan ngadil | brastha silaning tumuwuh | sêngkêl mlijanu karta | suda kêrtartaning gami | praja rêngka gêmpal arjaning widada ||

25. pasar-pasar marga-marga | dhusun-dhusun têpis wiring | pundi gèn pangupa jiwa | kadhatêngan janma karti | mangarêp inggal mati | dera pulisi kapikut | kula pirsa aturnya | mangupa dêdalan urip | pyambakipun ing dunya ngaran pralaya ||

26. sêsambatnya datan kiyat | kadangon rumakêt pati | tantra bisonambêg durga | yayah kasmala mèt pati | salajêngipun manjing | nèng jro panjara gya layu | sampun kathah lêpiya | makatên wahyaning pamrih | de wran [wra...]

--- 329 ---

[...n] desa wus sebak mangrapok sima ||

27. dadya tawuran bujana | datan kandhêg siyang ratri | kula ngupadi kang murwa | wèh kawruh mêkatên panggih | ingkang ran Sitiabrit | kang kloka jumênêng guru | kagugu para mudha | têmah murang silèng urip | rèh wijangnya dunya puniku gusthika ||

28. kawula lajêng nyundaka | kita purih manjing murit | dyi bijagsa sadar guna | sampun kawijang nampani | tiyangipun puniki | kang kula kinèn gêguru | dupi matur sampun trang | amba lajêng matur mriki | ngatas karsa sarèhning băngsa oliya ||

29. lamun kula roda paksa | tindaking nagari krami | pintên bobotnya Sèh Rêta | Sunan Benang ngandika ris | bênêr jêbèng narpati | kudu rêmbug wali walu | sabab Pangran Lêmahbang | wus jumnêng wali linuwih | yèn mêngkono sun pribadi kang utusan ||

30. wis sultan sira kundura | têmbe yèn ana pêrgandring | jêbèng pêsthi kaaturan | tibaning krampungan wèsthi | sandika sri bopati | wus mundur datan cinatur | ucapên wali astha | anggusthi duta kang dadi | sayugyarja mahyèng kukum madyatama ||

47. Dhandhanggula

1. Kangjêng Sunan Benang

--- 330 ---

ngandika ris | hèh prikănca mukmin paran sêdya | Pangran Jênar karya dede | mindaka tamèng kawruh | ngèlmu srengat sintruning lair | pan netah subêkanalah[57] | nyêgah dursila yu | mamrih sampurnaning gêsang | mangke Sitirêta hyun buka wêwadi | babar wadining jagad ||

2. srengat nabi mustapa wêradin | midrawèng rat ngluhurkên Pangeran | sêrana salat pujine | junjung kraton Yyang Agung | brastha wèri tobat ring masjid | supadya pra widada | idhup praptèng layu | kagantungan syarga nraka | wus biyantu wong Jawa kyèh nglagsanani | wirya têntrêm sukarta ||

3. mangkya Siti lincat miyak kêlir | miridakên ngèlmu ngrusak sarak | kadipundi sayugyane | lah punapa karampung | punapa ta dipun tibali | tanggap Jêng Kalijaga | rèh prayuganipun | katimbalan ngabên rahsa | yèn tan arsa pinaring sasmita gaib | kinèn mancaskêng cêtha ||

4. lêrês lêpat pangêcupnya mingsil | sasagêtnya sagêt kêdah winulang[58] | yya kalurung ngèlmu anèh | lamun mêksa bargunuk | kula miwah sakănca wali | prapta ngampil prampungan | pidananing kukum | de

--- 331 ---

lamun parêng ki lurah | kang kautus murit kawula kêkalih | Pangran Bayat Sèh Dumba ||

5. ngabên rahsa sêsmita kang gaib | tandya Sunan Benang adhêdhawah | Jêng Pangran Bayat sumaos | dyi Sèh Dumba nèng ngayun | liningan hèh pangran sirèki | sun duta ngataskara | panggya wran majênun | kang dhêdhukuh Kêrndhasawa | Sèh Lêmahbang kang arda mintakèng ngèlmi | tibalana ring Dêmak ||

6. lamun mopo paringana mingsil | lambang cangkriman patang pêrkara | konên ngêcup sabênêre | lan jarwanana ayu | hyun punapa derambêg tingkin | sudarsananing sukma | dalil Kuran sung wruh | pirang-pirang cacêgahan | lamun mêksa mêrdut silaning agami | inggal nuli balia ||

7. lagsitanta jêbèng sun kanthèni | Ki Sèh Dumba kalih wus sandika | lumaksana mung wran roro | tantra kirdhanya rawuh | dhukuh Kêrndhasawa umanjing | balèg langgarnya Sèh Bang | salam ngalaekum | pinuju Sèh Jênar lagya | sung sajarwa murit ingkang anyar manjing | nèng sadalêming langgar ||

8. marma datan opèn tamtu prapti | mung marsudi danira mêmijang | marang murit lanang wadon | Pangran Bayat [Baya...]

--- 332 ---

[...t] ping têlu | uluk salam tan dèn wangsuli | laju malbèng kiwala | tandya jajar lungguh | muksyèng silaning pranata | Sitijênar datan nglagewa sadêmi | tansah pabengatira ||

9. mugut sabda Pangran Bayat angling | hèh anak Sèh Jênar praptaningwang | dhapur lumaku sapakon | pra wali sabiyantu | anibali ring sira nuli | kirit dalan sitèngwang | lèrèna muwusmu | rêngêt sabda wali astha | wantu-wantu nora kêna mopo karsi | kagyat Sèh Sitirêta ||

10. hèh ta paman kirdhanta tinuding | wali astha nibali maringwang | ayah ta apa pêrlune | sênadyan parilatun | sun tan arsa rèh dudu abdi | kita datan kaprentah | jêr wali lan ingsun | padha daging wujud bathang | nora suwe pêsthi bosok dadi bumi | sumêngguh ngundang-undang ||

11. ngong nèng luhur bumi ngisor langit | darbèk ingsun pribadi purwèngwang | surya căndramaku dhewe | tandhane nguni suwung | nora kăntha lan ika iki | dupi ngong praptèng pêjah | nèng dunya dadulu | mabarang isining dunya | musthi ingsun dene kere milu darbi | padha lan wali astha ||

--- 333 ---

12. nibalana wong kang mudha pingging | mêsthi gêlêm mara dharakalan | sangking cubluke budine | seje kaya slirèngsun | wus waskitha surtyèng pangèsthi | widyaka mardi guna | tan kêna kasêdul | kapusan wong santri nglămpra | sulap justak ngaku cêdhak Maha Sukci | tan wruh wandane bathang ||

13. idêr ngèlmu sabên wong dan pusi | kinon nêmbah ring jro masjid Dêmak | jrone ana Allah bahong | sun nguni milu sujut | prap sêmangkin gêtun kêpati | tan wruh kuwandaningwang | lairnya Yyang Agung | anane jênêng manira | mangke kêna ngaranan kawula gusti | rèh anèng jaman gêsang ||

14. besuk yèn sun wus urip pribadi | tamtu tan ana gusti kawula | mung kang urip ingsun dhewe | langgêng salawasipun | judhêg nikmat nèng tampat sukci | marmèngsun arda susah | sêdhih mêngku layu | rumakêt syarga naraka | panasaran pira-pira jaman pati | yeka dunya punika ||

15. nora bêtah sun nèng ngriki sakit | kapingin mulih jumênêng gêsang | jaba jêro nora darbe | de nèng kene kêmaru | jawi kalbu kawula [kawu...]

--- 334 ---

[...la] gusti | mêngku lara kapenak | sajroningsun layu | hèh Pangran Bayat nèk sira | nora wika[59] muwusku mangkene iki | têtêp sasar sèwu grat ||

16. sira pantês sênêng jaman pati | kasênêngan sarwa-sarwi ana | păncadriyamu nanonton | kupingmu krungu angklung | jroning ati wruh gêndhing bribil | nadyan tyas ngulamarja | kêthuk kênong ya wruh | rumêsik nuci wadana | esuk sore kicah-kicih sabèng warih | kinarya mrada raga ||

17. sajatine budimu pranatis | ambalithuk nasarake umat | jêngkang-jêngking esuk sore | lèhmu ganjaran besuk | syarga nraka kanthil rugma di | nganti padha kranjingan | dening ujar palsu | yèn kasèp nêmbah trataban | wis mangkono wong kênèng pabujuk eblis | gebas-gèbès dikiran ||

18. apa tan wruh yèn wandane daging | otot balung sungsum bakal rusak | priye gonmu bêcikake | nadyan salat ping sèwu | sadinane tan wurung mati | awakmu kang kok pulas | tan wun dadya lêbu | jêr wandanira gusthika | apa wali mulih [mu...]

--- 335 ---

[...lih] bisa gawa daging | man pêthèkku wis ora ||

19. lah bok aja dahwèn ring sasami | nibali Sèh Jênar wong bijaksa | manawa kyiwak wadine | palsune nora payu | lamun nganti akèh jalma wrin | jêr wali kabèh krenah | ngapusi wong cubluk | coba sira Pangran Bayat | sun takoni apa wus wruh Maha Sukci | pêthèkku durung pirsa ||

20. aja manèh warnane Hyang Widhi | malaekat bae durung priksa | nadyan malekat kang pocot | mêsthi sira durung wruh | mung bingungmu dhewe kok pikir | ngupaya Gusti Allah | tan bisa katêmu | kana-kana nora nana | kene dudu têmah budimu kok èsthi | ngangên-angên Pangeran ||

21. kagyat Pangran Têmbayat nêbda ris | Sèh Dumbarsa nglairkên panêdya | sira Jênar yya mêngkono | sirèku sèwu klèntu | dunya iki ingaran pati | ana syarga naraka | iku têmbung luput | nora kaprah jêmak kiyas | dalil kadis sulaya kang dera èsthi | nut pikir kurang arja ||

22. mangkya srengat Arab mêratani |

--- 336 ---

tanah Jawa têmah narik tama | kabèh wus ayu budine | mangke sira kapencut | anênutun wong lyan nagari | katampan punggung mudha | sayarda lyih kisruh | wran pingging murang kêrtarta | wit wijangmu mêngkono kang sira èsthi | nujang mangrusak sarak ||

23. kang nampani wran pating crangingis | ing mangkyarda kyèh murang kêrtarta | awit wijangmu mêngkono | lah êndi gandhulamu | Kuran napa kadis punapi | dene tan lumrah kathah | Pangran Bang sumambung | o o dene sira tuna | dadi wali nora wruh maknane tapsir | bêcik maganga bujang ||

24. abêlayang lowung anggêr urip | yèn tinari mati kipa-kipa | sêngguhmu pasrah nyawane | kapundhut rintên dalu | lêga lila wujutmu gidib | tur wêruha gêrjêgan | dijaluk nyawamu | lah iku bedane apa | bujang Salatiga karo para wali | bajingan Surabaya ||

25. Pangran Bayat yèn sirarsa uning | gandhulaku mamèt sangking kitap | e e bodho têmên kowe | lèhmu ngaji gêguru | wran Sumarang prapta ing ngriki | mruhita ngèlmu rasa | de sirarda limut | ngèsthi

--- 337 ---

catur ngoyawora | dalêm Kuran nora pisan sira budi | mung mèstu syara dora ||

26. nora pisan nuksmèng tyas utami | yèn mangkono ciptanta kasasar | bêcike maganga kadhèt | iku wong dhêmên idhup | nadyan ngêmis anggêre urip | warokan Pranaraga | kang kaya tekatmu | ngaku wali luwih gampang | suprandene kagèt wruh klakuan mami | mamèt sorah musakap ||

27. hus rungokna lapale kang muni | kayun daim amutu abadan | kang mangkono pradikane | basa urip tan layu | lagêng ing salawase urip | marma dunya punika | dudu aran idhup | pratandhane sira pêjah | anèng dunya dunya ingaranan pati | paman mara rasakna ||

28. walmayitu pilngalamul kubri | yujidu kalibahu têgêsnya | wong nèng alam kubur olèh | awak-awakan nêmu | marma antuk nraka suwargi | wruhanamu samangkya | Pangran Bayat muwus | lah êndi syarga naraka | sun arsa wruh tuduhêna sun cathêti | katur ring wali astha ||

29. Pangran Jênar manêbda rum manis | tumraping um Pangeran Têmbayat [Tê...]

--- 338 ---

[...mbayat] | mangkona pangandikane | yèn sirarsa yun ngrungu | syarga naka[60] wujut kêkalih | anal jnatu wanara | wujudaning makluk | tur ta sangking kadadean | kitap murit nêbut katani lir nèki | al anasak punika ||

30. syarga nraka samya wujut kaksi | tur dinadèkakên mangke iya | ingsun kiyas planggêrane | kabèh wujut kalêbur | tandhanira sawarga mangkin | ngong bengkas babarpisan | sawarga kang luhur | sênêng lan parênging manah | nora kurang nunggang kreta brêbês mili | ojogan ngura-ura ||

31. gandhang sindhèn gêndhing jênik manis | giyak-giya[61] nêmbang cara Sala | kinanthi mêlung syarane | yya dumêh ngong mamikul | gendhong nyunggi barang nyênyangking | ujogan ring Sumarang | ana syarganipun | rèh sênêng parênging prana | turu sewan batal dhingklih akèh tinggi | jro jiwa suka wirya ||

32. wong nèng syarga barang syarwa-sarwi | yèn lumampah kapenak kang badan | numpang andhong gledha-glèdhèg[62] | yèn narakane rawuh | brêbês mili sagarwa siwi | wus pira-pira lupya | mokal sira tan wruh | kadhang nglakoni wus paham | wus tan susah paman sun jèrèngi [jèrèng...]

--- 339 ---

[...i] malih | lan ingsun arsa tanya ||

33. de têkyarsa sira dadi wali | sing punapa katrimane paman | sun mindu kok rada elok | punapa sing kirdhayu | lah punapa sangking ing ngèlmi | punapa sangking arta | aku rada gumun | ah wong iku nora kêna | dudu rasa yèn noton klebating lathi | tungkakku nora padha ||

34. gene ana wali kaya kuwi | e e tobil lèhne nganggo sêrban | yayah sabanyak gêdhene | pa sira datan emut | kala isih ana Sêmawis | ngêdhangkrang sugih pasmat | wusanane kenyut | buwang sêmat gayuh tekat | dumadine rêmbugmu mung kaya upil | dhêmên dadi kongkonan ||

35. tekat sing digêgulang mu[63] ngèlmi | têka dadak ana èpêrira | kaplêngkang-plêngkang tekate | Bayat nabdèng jro kalbu | êh katanggor wak sun sakiki | pama ngadu dherekan | pacêl mungsuh ingsun | bêcik dinêngke kiwala | manglayani wali tekadan puniki | nabda malih Sèh Jênar ||

36. gumun bangêt ingsun yèn umèksi | tokidira Pangeran Têmbayat | lyir wali mêntah jrih jidhèt | kirèngsun trang durung wruh | yèn wus [wu...]

--- 340 ---

[...s] uning yêkti tan gigrig | wit bakal jumnêng mulya | luhuring aluhur | ingkang mirib wus tan ana | sunan sultan raja jendral Rum Batawi | iku kamuktèn apa ||

37. Sang Sèh Dumba sru manambung angling | dhuh-dhuh Kanjêng Pangeran Lêmahbang | bok sampun mêkatên anggèr | kaprah puniku unggul | nadyan lêrês namung sakêdhik | salah mêtani jagat | tur sajatènipun | klèntu panampining Kuran | kalih dening malih jumnêngnya agami | antuk bêbaluh nata ||

48. Pangkur

1. Jêng Sultan Adi Bintara | nyantosani Arab kukum lan ngadil | gama sapa nacat guyu | tamtu antuk siasat | datan yugya botên kiyat kawon guyup | srengat wor nagara krama | tan gănda sapintên ngriki ||

2. punapa boya kèngêtan | brastha Majalêngka purwaning santri | suprandene sirna gêmpung | katêmpuh sabilolah | tur narendra binathara sugih wadu | mangrèhkên pra bupatyarja | tan kuwawi mêngsah santri ||

3. rèh lagya jinurung ing Yyang | gama Arab awrah tataning bumi | mulya ing mangkya dika hyun | mindakèng wali astha | wus tan wande Kêrndhasawa dados awu | gama rumêksèng [ru...]

--- 341 ---

[...mêksèng] prajarja | lah èngêta narik wakti ||

4. de paduka mêngku tekat | kang mêkatên yugya kagêm pribadi | sampun kinarya mamuruk | ring sisyantara mudha | kèh ru-ara darêdah dadya majênun | suda widyaning widada | druhaka gung manjing sêpir ||

5. wontên kang dadya tawuran | tur karampok sinêmpal-sêmpal mati | wran karya ru-arèng dlagung | pasar-pasar sungkawa | de arda walepa gènnya gilut kawruh | nadyan ngupa dalan pêjah | niku pan nasar kang margi ||

6. pocapaning wutat nistha | kondhang catur têrah turuning wèri | wêri warining praja gung | kagunggung murang arja | ngrusak karta satruning jaga sawêgung | tyang arsa sae nèng ngrika | kêdah sae wontên ngriki ||

7. ucapên para sêkabat | Sèh Sitibang sêkawan kang wus muksis | tan têbih parêk nèng ngriku | wasta Ki Pringgabaya | dupi mirêng sabda Sèh Dumba gya nambung | nabda duka manuhara | hèh kakang Dumba prayugi ||

8. atur dika ring jêng prangran[64] | ugi lêrês-lêrês dika pribadi | jêr sampyan sênêng tumuwuh | nèng dunya barang gumlar | sarwa-sarwi buka wasta bagus-bagus | syarsa krenah adol ucap | sebak [se...]

--- 342 ---

[...bak] wran sêpur kang pinggir ||

9. wirang isin anggêr gêsang | lamun murit Sitibrit kang wus muksis | ring rêrupan tar kapecut | tar sênêng gumlaring rat | mung angèsthi trusthaning tyas têbe idhup | mangkyarsa jiwèngsun tunggal | lan bathang kang jajêmbêri ||

10. sasagêt-sagêt kumêdah | ngupya marga dèrèng sun ngudi urip | jiwamba bosên adulu | pinondhok tlosor bathang | wuda ngêlih sun katêmpuh luru butuh | sênadyan ana pangeran | nora kêna dèn ngèngèri ||

11. jinalukan nora kêna | butuh bêbêt ikêt sabuk myang klambi | katêmpuh mring raganingsun | tuku marang probengan | suk sore nglih jajan sêga iwak duduh | kapriye gonku mangeran | Allah Allah tahu lopis ||

12. pinuji sinêmbah-sêmbah | jêbul nora sagêt paring rijêki | têmah uripku katêmpuh | ngupaya sabên dina | dijaluki marang mayit daging nunut | kang bakal sun tinggal bathang | tan kêna ginawa mulih ||

13. mara rasakna Sèh Dumba | catur kita lêbokna sanubari | yèn wus trang buwangên sêmprung |

--- 343 ---

rèhning tan sênêng sira | mung anggugu bathangmu kok gawa mantuk | mring ngakerat gendhong bathang | nora wurung mati malih ||

14. apa iku dudu justak | Malaekat Kasim adum rijêki | apa ta sira wis tau | dipun jung maekat[65] | lara panas lara adhêm antuk tulung | rèh rina wêngi kok sêmbah | wèh tămba banyu kênini ||

15. lamun pêngajaran ingwang | Sèh Sitibang dunya ngaranan pati | marma tan ana Yyang Agung | malekat dunya sunya | anging besuk yèn urip ingsun têtêmu | kadhang sun jumênêng Allah | lah ing kono kita puji ||

16. yèn sak iki kinon nyêmbah | marang masjit ingsun dudung[66] wong kapir | kapiran-kapiran êmbuh | hbuh kene êmbuh kona | wus mangkono yèn lakune santri gundhul | gêgadhulan kêndhilolah | mêndêm Alah wuta tuli ||

17. seje sun murit Sèh Jênar | wus tan plègên caturing para wali | ngukuhi sarengat palsu | awake dhewe tuna | hèh ta Dumba pikirên kabèh wuwusku | jro dhadhèngsun ana Kuran | rujuk gèsèh pasthi uning ||

18. Pangran Têmbayat ngandika | wis Sèh Dumba mênênga [mê...]

--- 344 ---

[...nênga] aja criwis | mung anak Jênar karêpmu | katimbalan ring Dêmak | apa gêlêm apa mopo ngong hyun ngrungu | yya kakehan mêdhar rahsa | padu balung tanpa isi ||

19. Pangran Sitibang wacana | o o dene ngèyèl timên sirèki | wran dadya duta mung tutur | sun tan gêlêm tumrapta | aja ingkang ajur mumur yayah glêpung | lah măngsa ingsun sumlanga | malah mathêm mêmpêng urip ||

20. sun mati sugih druhaka | rina wêngi rumakêt nraka api | lara kapenak tinêmu | susah bungah sun sandhang | sèjè lamun kita mantuk sangking layu | tumêka urip sampurna | langgêng nora ika-iki ||

21. Pangran Têmbayat manêbda | hèh anak mas têtêp sira wus bêling | lumuh karèh ambêk liwung | tan singlar lara lapa | yèn mêngko karsanira ingsun sokur | gêjaba iku sun tămpa | wawêlingnya Sunan Kali ||

22. kinèn maringkên sasmita | patang pasal cupên ingkang patitis | siji bab kala Yyang Agung | karya gumlaring jagat | prabot apa barang apa karya wujut | loro bab kinèn têtanya | ngêndi omahnya [omah...]

--- 345 ---

[...nya] Yyang Widi ||

23. têlu bab kalonging nyawa | sabên dina nganti êntèk ring ngêndi | catur bab kala Yyang Luhur | warnaning kadi paran | Pangran Jênar manthuk-manthuk guyu guguk | iku cangkrimaning bocah | gya ngandika marang murit ||

24. Ki Bisona kang nèng ngarsa | hèh Bisana babarên lambang iki | wit cangkriman rèmèh cubluk | kowe bae kang mancas | lah majua sira dadya wêwakilku | matur sandika kêrpana | manganggêg kaparèng ngarsi ||

25. matur yayah madu brănta | dhuh Jêng Pangran Têmbayat amba darmi | mituhu dhawuhing guru | mancas sasmita tuwan | lamun lêpat sakêthyamba minta ampun | pintên banggi kalêrêsan | kula tiyang dama pingging ||

26. janma sudra turun desa | narakarya kuthung silaning krami | sajêg jumlêg idhup dhukuh | tuna pasang wikcara | dèrèng nate wrin pasamuan janma gung | tamtu kirang yudapraja | wibaning ngling tuna luwih ||

27. tur gumêtêr guragapan | glagêp-glagêp gugup kaworan ajrih | jirih jaragan tyang dhusun | sampun [sa...]

--- 346 ---

[...mpun] kirang agsama | budi kuthung kithal grathu gruyuk blilu | kajibah sumanggêm karsa | wakilnya jêng gurunadi ||

28. kasikuning guna krama | dadya wuruk kulèsthi jroning pati | kapatuh salamènipun | Pangran Bayat ngandika | sun tarima sadurunging wahyèng wuwus | wis jaragan kowe desa | cingkrang silaning akrami ||

29. malah yèn bênêr sabdanta | ingsun gumun mring sira têmah titis | luput klèru panggonamu | lah wis pêcahên mara | Ki Basana[67] sandika bab kang rumuhun | Alah kala karya jagat | punika sayuta gidib ||

30. jagat rat punika anyar | Gusti Allah botên karya kawadis | dalilnya la yatabkiru | ila muhdis têgêsnya | batên karsa dêdamêlan barang wujut | mênggah dadosnya ngalam rat | wusnya drikuma iyati ||

31. liripun manggih kaanan | alam dunya puniku laawali | tan wontên wiwitanipun | kathah yèn kula babar | bokmanawi kartas sakêndhang tan cukup | mèt wêwaton sangking Kuran | anyaring alam sakalir ||

32. kang kaping kalih pêrlambang |

--- 347 ---

tuwan tanya wismanira Yyang Widi | bab punika boya ewuh | Allah manuksmèng ing dad | dad wajibul wujut pacêngkramanipun | lajamana lamakana | munggèng dad wisma kakiki ||

33. kathah yèn manira buka | tradhak sampe kartas pos tigang kodhi | mêkatên kiwala kacup | gantya lambang ping tiga | longing nyawa rintên ratri ngantos puput | dhatêng pundi sirnanira | i ladalah langkung gampil ||

34. nyawa botên sagêt suda | botên wêwah ginggirnya karsa mulih | sangking pêjah dhatêng idhup | langgêng tantara măngsa | yèn kalonga mangke kawadis mathuthuk | sripis lir dèn măngsa ngrayap | panjang yèn dipun sêrati ||

35. nadyan kula sudra desa | musthi putus paramabasa Kawi | basa ngoko nawung kidung | langkung sasêtrip têmbang | boya kewran ukara anjèrèng ngêjum | nadyan dede êmpujangga | widayaka sawêntawis ||

36. cukup silaning di sastra | pamiyatan Pangran Sitibang ngênting | sisya ngataskarèng tuduh | kang ngajar lyih bisana | ingkang tămpa yayah

--- 348 ---

jamunambêg nyakup | mardi gunadika pasang | karna jiwatma nampani ||

37. sasmita ping sakawan bab | mundhut priksa warnanya Maha Sukci | kitab ulumodin sung wruh | walahu lair insan | wabatinul insan baetulolahu | lairnya jaba manungsa | punika warnaning Widi ||

38. batining janma wismèng Yyang | kathah-kathah jarwanya ulumodin | yèn kula tur priksa bingung | paduka botên tămpa | bokmanawi kula kagalih majênun | wijangipun Sèh Sitibang | kang sampun kula tampèni ||

39. mila yèn namung pananya | kang kadyèka kula sakêthi gampil | kagulung giligir punglu | kabengkas sirna ilang | têmah wangwung klowongane jagat suwung | yèn kajèrèng rat kèbêkan | makatên kawruh Sèh Abrit ||

40. purwa manungsa kawijang | wijang-wijang sisya gampil nampèni | sora cêtha botên bingung | ing rèh jiwita tama | tamèng budya praptèng layu têmah idhup | wela-wela kasatmata | ngegla kêna dèn ungsèni ||

41. tanpa sintru tanpa lambang | ngêblak [ngêbla...]

--- 349 ---

[...k] blaka suta boya mèt pamrih | sirna panyakraning bujuk | palsu krenah blas ilang | slaya sangêt lawan guru sanèsipun | ting klêsik lir adol dhêndhang | tur datan supe mèt pamrih ||

42. kula sampun rambah-rambah | muruhita winijang wali mukmin | winruhkên Mukamat Rasul | Allah Pangeran amba | wahyèng sabda nanutun kawula bingung | kodhêng mirang-miring awag | ngawur pêpathokan sêpi ||

43. ngèlmu Arab dadya Buda | Buda mungkir mamèt waton jêng nabi | tapa mati raga gluyur | mubêng ngiras papriman | lamun kawruh Arab sirna tapanipun | kajawi wulan Ramêlam[68] | cêgah bukti botên apti ||

44. nanging wali têksih Buda | tandhanipun sênêng manjing wanadri | guwa-guwa gunung-gunung | sagara kayu kawak | linêbonan gêntur tapa ngiras laku | mamrih katêmu Yyang Suksa[69] | yeka kadhadhung idajil ||

45. critane Ngarab ambiya | botên watên kang cêgah mangan mutih | ngluwat mêlèk cêgah turu | puniku boya klampah | mênawi wong Buda badane winasuh | lah sumăngga kagiya[70] | pamancas kawula

--- 350 ---

mingsil ||

49. Asmaradana

1. langkung wagugên ing galih | Jêng Pangran Bayat Sèh Dumba | wrin pamêcahe pasêmon | amung muritnya kiwala | panêngran Ki Bisana | makatên pangawruhipun | iba gurune Sèh Rêta ||

2. ngunadika jroning galih | tuhu mardiguna digbya | Pangran Jênar sak murite | trustha widyaning widada | ing kene kana kêna | layak bae tega layu | bijagsaning kawruh mulya ||

3. samana duta kêkalih | dupi sampun têtela trang | ngèlmu myang kalakuane | Sitijênar samuritnya | sadene mêcah lambang | tumulya pamitan mundur | Pangran Bayat lan Sèh Dumba ||

4. Sèh Jênar datan mangsuli | nuli mundur pêlarasan | nèng marga gêrnêngan karo | Sèh Dumba matur jêng pangran | kula biyantu tekat | yèn makatên kang tinêmu | karya trimaning wardaya ||

5. para sisya angantêpi | sangking judhêging mruhita | Pangran Jênar wijangane | upami kula mruhita | balik mèstu sukarsa | nèng ngrikyamba yun mituhu | wangsul brontas ngèlmu rahsa ||

6. Pangran Bayat arda wêngis | rum nabda dhatêng Sèh Dumba | hus Dumba aja mêngkono | nguni sira băngsa sudra [su...]

--- 351 ---

[...dra] | ing mangke manjing wasya | kawiryan jênêngmu arum | wus dadya santri suhada ||

7. paran karya balik kapti | mituhu Sèh Lêmah lincat | ngèlmune tan lumrah ngakèh | de sirarsa muruhita | parmyam Dêmak kurang apa[71] | barang kawruh nora ewuh | kadikbyaning wali astha ||

8. wis payo inggal lumaris | nglagsanani rèh dinuta | tantra dangu lagsitane | prap Bintara lagya pêpak | nèng srambi lênggah atap | kagyat dupi rawuhipun | duta dyi tumamèng ngarsa ||

9. wusnya sokramèng cra mukmin | sinrêng wigatining sabda | Jêng Benang pangandikane | hèh jêbèng Bayat kaya pa | dyi duta ngataskara | katêmu Si Lêmahlêmpung | derarda kagila-gila ||

10. umatur duta kêkalih | lêrês prabataning warta | pra sisya sampun rêraton | jalèstri pra talbul ngèlma | ingrèh mangrendra laya | lêrês tekat dipun idhup | dunyarja ingran pralaya ||

11. kathah-kathah titi ngênting | ing purwa madya wusana | sêdene wahyèng pasêmon | tumêrsêp kasup sadaya | tur wakil pamêcahnya | muritipun kang kasêbut | pun Bisona narakarya [na...]

--- 352 ---

[...rakarya] ||

12. trah dama srawungan dèsi | prandene gunarda krama | yayah carakan kudhaton | cukat têrampil trangginas | sangkêp sulila[72] madya | kuciwa srengat kalêbur | kadariyah kajrabriyah ||

13. rumakêt kalih tan yukti | mêrkang sangking wali astha | mulyèng masjit badhe kasor | brastha sêmbah rabul ngalam | yèn pun lincat kapanjang | jadmidahna dèrèng murup | prayogi siniram pompa ||

14. manawi têmbe malahi | sayarda ulah pradignya | ngrusak sukarta prajarjèng | wali astha têmah ina | yèn Jênar tan pulastha | wus tan wande era-èru | rêrusuh murang kêrtarta ||

15. yugya nuntên dèn lampahi | muksyaning kawruh dupara | wijangnya Sèh Sitiampo | Jêng Sunan Benang ngandika | hèh yayi Kalijaga | kapriye yugyaning laku | padoning Yyang rèh widada ||

16. umatur Jêng Sunan Kali | sae nglêmpakakên para | sagung mukmin ngulama kyèh | lan malih ngaturi sultan | kadi Nata Bintara | pargandring wahyaning kukum | Sitijênar dèn pancaka ||

17. prayogi dintên jing-enjing | pinrih rawuh wanci luka | utusana [utusa...]

--- 353 ---

[...na] ing samangke | Jêng Benang dupi sêkabat | winangsit rèhnya kajat | ngaturi ingkang sinuwun | para wadya buwah praja ||

18. patih pangulu jagsa di | liningan gya lumaksana | arta ceda wrata kabèh | mukmin ngulama mukaha | kalamun ratri para | wali sêmbahyang magribu | nging sasubuh tan kawarna ||

19. ing wanci jam astha enjing | wus pêpak para ngulama | lunggyèng srambi lyir adate | satêngah sanga jêng sultan | patih pangulu jagsa | rawuh para wali mêthuk | kurmat tataning ngulama ||

20. wus lênggah jêng sri bupati | tata pra punggawa atab | jajar urut klênggahane | mukmin samya jawab asta | mubêng gantya-gumantya | gya so sawêntaranipun | Sunan Benang pasrangkara ||

21. hèh jêng sultan marma sami | sun aturi siniwaka | nèng srambi gung parate[73] | hyun pêrgandring para durta | lêrês atur andika | Pangran Jênar abargugug | migêna tindak agama ||

22. ingsun wus nyundaka mèksi | ngèlmu kalakuanira | dera mamirit murite | trus trang mangrusak kêrtarta | silaning yudapraja | anênutun nitah dudu | kathah sisya èru-ara ||

23. dunya ingaranan pati | têmbe ingaranan gêsang | kajabariyah tekate | kadyaryah [ka...]

--- 354 ---

[...dyaryah] rumakêt ăngga | rèh idraning pralaya | sakabat kang tămpa bingung | majênun ngrusak widada ||

24. paran yugyaning pabudi | kang mrih utama linakyan | sultan matur kula dhèrèk | buyantu pulasthanira | srana prajurit praja | Pangran Modang gya sumambung | punika kirang sakeca ||

25. yèn rinêbasèng ngajurit | punika sanès tyang kraman | sae dèn alus kimawon | sênadyan kukup pralaya | sangking lêbat kiwala | kawula sakănca cawuh | samya manigal lungaya ||

26. Kanjêng Rahadyan Dipati | Wanasalam nambung sabda | yèn mêkatên kula mopo | nyulayani tata praja | tindaknya janji byuha | nglairakên ukum saru | antuk dhêdhaning bawana ||

27. pêjahnya janma tar kinging | mahya sangking palacidra | rèh wontên jumênêng kraton | kêdah ratu karya prentah | mupakat katimbang rat | katimbalan yèn datan hyun | dadya nawala wasesa ||

28. kinging tinêlasan awit | mogok dhawuhing narendra | punapa marganya dados | wus dhawuh ponis prampungan | winasesa sakarsa | nadyan ingkang songkol pêthung | satibaning kukum pêjah ||

29. rèh punika băngsa wali | kalêrês agung

--- 355 ---

oliya | tar kinging syiyah sedane | nadyan kang kalêrês ngisas | ingkang sami pangkatnya | mêkatên piagêm ulun | byakta mèt piagêm byuha ||

30. yèn botên makatên usti[74] | cingkrang jêjêring wiradya | pun patih sadarpa mopo | nistha dunya ngakir siksa | dug gêguyu bawana | surya căndra susup-susup | ngerang-erang ngadil kêrta ||

31. kalamun cinidrèng ngèlmi | sampun ngaturi narendra | dhêmitan kiwala dados | nanging mêksa tan tumindak | manawi waris gugat | sintên mangêntar mangèstu | antuk wasesaning praja ||

32. mila prayogyamba gusti | panduka paring nawala | wasesa caraning kraton | patih pangulu myang jagsa | samya tur tăndha krama | têtêp prampunganing kratun | makatên rèh widaradya ||

33. narendra pêthuk ing galih | sadaya mukmin oliya | mêmuja măntra rumojong | aturnya nayaka wagtra | tètès mèt maton byuha | jêng sultan sigra dhêdhawuh | karya nawala wasesa ||

34. juru panitra dinuding | gya nurat wêwaton adad | lupiya kuna-kunane | dupya rampung kang panitra | katur rêkyana patya | tandya kunjuk jêng sinuwun | kapriksa têmbayèng

--- 356 ---

sastra ||

35. pèngêt nawalaning aji | Sultan Adi Natagama | Bintara mandhirèng kraton | dhumawuh ing pêkênira | Pangeran Sitirêta | ing Krêndhasawa dhêdhukuh | liring srat jênêng manira ||

36. tampi aturing pêrgandring | para rat prajèng Bintara | sêdene wus mirêngake | aturaning wali astha | pêkênira mindaka | nglêbur silaning tumuwuh | nyênyampah dinil mustapa ||

37. mangke karsaning palit[75] | biyantu jênêng manira | ingsun tibali tatêmon | ring Dêmak mangadu rahsa | barênga dutèng praja | yèn mopo datan umèstu | wasesa magal lungaya ||

38. titi wahyaning srat pati | Bintara kaping dyi dasa | Jumadilakir taun Be | tumapak căndra sêngkala | nir jalma catur tunggal |[76] katandhan sinuwun prabu | Sultan Adi ing Bintara ||

39. wusnya narendra nandhani | patih pangulu lan jagsa | samya mèstu tèkên kabèh | wilapa kabungkus sutra | Jênar dadya pêrlambang | kinging rukun kinging rampung | gya katur Jêng Sunan Benang ||

40. wus tinampan gya manggalih | kang sayugi dados duta | kang ngampil prampungan gêdhe | sastra nawala wasesa | Jêng Sunan Kalijaga | umatur [uma...]

--- 357 ---

[...tur] prayuganipun | kănca sadaya lumaksa ||

41. angandika Jêng Mahgribi | lalima bae utama | gawa sabat dhewe-dhewe | siji jêbèng Sunan Benang | loro jêbèng Malaya | têlu kaki Pangran Kudus | caturnya Pangeran Modang ||

42. jangkêp pănca Gêsêng kaki | prajurit wira tamtama | konên nganglang esuk sore | rumanti yitnèng prajarja | kanjêng sultan sandika | jêng sinuwun tandya kondur | patih sampun dhinawuhan ||

43. warata prarya bupati | yitnèng anèng kartibaya | Sèh Jênar sabat murite | ucapên gangsal uliya | sampun mranti busana | ngampil santri catur puluh | bidhal dhatêng Kêrndhasawa ||

44. elur nganggo sarwi putih | samya nyangkêlit jambiya | pănca wali ngarsa dhewe | Jêng Sunan Benang pangarsa | tantra kirdhanya prapta | anèng Kêrndhasawa dhukuh | jujug mismèng Pangran Jênar ||

45. kaparêng lênggah nèng masjit | lagya mêmirit pra sabat | ingkang anyar manjing tarèk | èstri priya jêjêl rangab | sangking măncanêgara | pinuju ingkang cinatur | dadining bumi akasa ||

46. sangking tapsir Kaelani | tandya

--- 358 ---

marêk wali gangsal | nèng pante langgar nabda lon | tata kramaning oliya | gya nabda sêsarêngan | jawab salam ngalaekum | Pangran Jênar tan nglagewa ||

47. eca dènnya mirit ngèlmi | lawan sakabat sakawan | wali gangsal têtamune | dera pasrangkara arja | pangran kèndêl kiwala | Jêng Benang tandya umangsuk | buka wiwara byar mênga ||

48. wali gangsal gya umanjing | pra murit nèng pante jaba | lênggah tan ana carane | Jênar maksih amêmijang | kang syara arda sora | tan marduli ring têtamu | gya Sunan Benang ngandika ||

49. hèh jêbèng kèndêla dhisik | sun dutaning pangadilan | kinèn kapanggya ring kowe | karsanira wali astha | biyantu kraton Jawa | lah iki nawalanipun | mara sira tampanana ||

50. Jênar wus datan marduli | eca dènira mêmijang | gya sêrat inguncalake | tibèng pangkyannya Sèh Jênar | mêksa api tan wikan | punang srat cinandhak gupuh | mring Jêng Sunan Kalijaga ||

51. gya winaos sura titi | timbayèng sastra wisesa | purwa wadya wusana tèk | Jênar pi-api tan myarsa | Jêng Benang angandika | sarwi ngasta tanganipun | hèh lincat kang lagya laya ||

52. wis mênênga sun tuturi [tutur...]

--- 359 ---

[...i] | gya rèrèn Pangran Lêmahbang | masang karna mirêngake | dhawuhnya Jêng Sunan Benang | lah mayit praptaningwang | caraka dinutèng kukum | pangadilaning Binta[77] ||

53. kinèn nibali sirèki | srana nawala wasesa | rukun rampung sêka kowe | dina iki lah matura | yèn sandika raharja | adu surasaning kawruh | mupakatan wali songa ||

54. Pangran Lêmahbang nabda ris | sira Benang ngundang kita | marang Bintara sun lumoh | nora kabawah kaprentah | kajaba jroning manah | kang dhêdhawuh sun mituhu | lyane punika tan arsa ||

55. sabab mayit padha mayit | pagene nganggo parentah | wong nora nana bedane | padha tan wêruh Yyang Sukma | tan pae nêmbah asma | de kumawawa maringsun | dhawuh samining gusthika ||

56. de sirarsa ngadu mèlmi[78] | mususakên gilut rahsa | payo anèng kene bae | janji wêwaton musakap | kitap balal ngibarat | nadyan anggitnya wong layu | ingkang nganggo padha laya ||

57. Pangran Modang nambung angling | hèh ta kakang Sitijênar | lah punapa pathokane | dunya ingaran pralaya | benjang ngaran juwita | coba manira hyun ngrungu | lairna

--- 360 ---

wirayatira ||

58. Pangran Lêmahbang mangsuli | hèh Modang prastawakêna | tanjane urip lapale | kayun daim kayu muta | abadan têgêsira | urip wus tan kênèng layu | abadan salawasira ||

59. dene mangke jênêng pati | jarwane kitab talminsan | lah rungokêna lapale | walmayita la mulkobra | yajitu wa kalaba | mayit anèng alam kobur | anêmu awak-awakan ||

 


Teks asli: Ron. (kembali)
Kurang dua suku kata: hèh ta kulup iki wanudyane sapa. (kembali)
Lebih satu suku kata: Arya Tiron Pandlêgan. (kembali)
Kurang satu suku kata: kaping lima Bathara Katong juluknya. (kembali)
Pada bait berikutnya ada pembetulan. (kembali)
Kurang dua suku kata: sirage jênênga aji. (kembali)
kaprabon. (kembali)
Kurang satu suku kata: ing wetan jajar bupati. (kembali)
bocong. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: nyaka jagsa bupatya. (kembali)
11 sinabdan. (kembali)
12 Teks asli: Dhadhang. (kembali)
13 Kurang satu suku kata: wusnya rampung ing pangupakara. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: pra sori amêthuk. (kembali)
15 supênuh. (kembali)
16 sangkêlat. (kembali)
17 patih. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: kunjuk Kanjêng Sultan ing Bintara. (kembali)
19 Tanggal: walu (8) Sura Dal: jalma nir catur bupati (1401). (kembali)
20 Kurang satu suku kata: lah tutura gustimu santri. (kembali)
21 duta. (kembali)
22 miranti. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: ginarbêg pra ditya akèh. (kembali)
24 Kurang satu suku kata: wus rumăngsa wadyanya sakêdhik. (kembali)
25 timbalaning. (kembali)
26 Teks asli: Mi. (kembali)
27 sabdèng. (kembali)
28 lumayu. (kembali)
29 Kurang dua suku kata: mangke kadipundi. (kembali)
30 kang. (kembali)
31 Teks asli: Dur. (kembali)
32 Lebih dua suku kata: lir adad kina-kina. (kembali)
33 Kurang empat suku kata: sampun dadya marga gung mring măncapraja. (kembali)
34 Kurang satu suku kata: mila ya aluhur kutamaning warta. (kembali)
35 Kurang satu suku kata: lama-lama tan akêbut. (kembali)
36 Kurang satu suku kata: tumutur tumular titi. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: sintên dika kêkasih. (kembali)
38 kakikine. (kembali)
39 Kurang satu suku kata: rupa juga roro asma. (kembali)
40 § kurang. (kembali)
41 § kurang. (kembali)
42 Teks asli: Dhadhang. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: salah juga kinèn ngêcupi. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: rèh paduka tnayèng katong. (kembali)
45 Kurang satu suku kata: kyai agêng paksa kêkah. (kembali)
46 wangsuli. (kembali)
47 Kurang satu suku kata: dalêm turi inah tigang warsi. (kembali)
48 ngantêpi. (kembali)
49 Hyang. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: kang sadarpa sakti digbyèng laya. (kembali)
51 Kurang satu suku kata: kayun anyar kodrad iradati. (kembali)
52 Lebih satu suku kata: ah bênêr timên maknane. (kembali)
53 age. (kembali)
54 marang. (kembali)
55 ngandikan. (kembali)
56 tri. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: pan netah subkanalah. (kembali)
58 Lebih satu suku kata: sasagêt-sagêt kêdah winulang. (kembali)
59 wikan. (kembali)
60 nraka. (kembali)
61 giyak-giyak. (kembali)
62 gledhag-glèdhèg. (kembali)
63 mung. (kembali)
64 pangran. (kembali)
65 Kurang satu suku kata: dipun jung malaekat. (kembali)
66 dudu. (kembali)
67 Bisana. (kembali)
68 Ramêlan. (kembali)
69 Suksma. (kembali)
70 Kurang satu suku kata: lah sumăngga kagaliha. (kembali)
71 Lebih satu suku kata: parmyam Dêmak kurang pa. (kembali)
72 susila. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: anèng srambi gung parpate. (kembali)
74 gusti. (kembali)
75 Kurang satu suku kata: mangke karsaning para lit. (kembali)
76 Tanggal: dyi dasa (20) Jumadilakir Be: nir jalma catur tunggal (1410). (kembali)
77 Kurang satu suku kata: pangadilaning Bintara. (kembali)
78 ngèlmi. (kembali)