Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14)

Deskripsi judul
Teks sambungan
  1. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 01-10). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  2. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 11-14). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  3. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 15-19). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  4. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 20-24). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  5. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 25-32). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  6. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 33-40). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  7. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 41-47). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
  8. Babad Pajang, Anonim, c. 1900, #1845 (Pupuh 48-57). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Babad
Image

11. Durma

1. sang rêtna yu angatêr jawining lawang | radèn sigra lumaris | prapta pinggir bata | margine duk lêbêtnya | rahadèn gya matêg aji | paringing rama | sawusira anuli ||

2. pagêr bata ingusap kongsi ping tiga | wanti-wanti tan osik | langkung ngunguning tyas | sira Radèn Pabelan | dènnya èsmune tan mandi | kaku tyasira | cipta tumêkèng pati ||

3. iya lamun kauningan kangjêng sultan | mangkanosiking galih | Rahadèn Pabelan | nadyan ingsun palastra |

--- 45 ---

kalamun barêng Sang Putri | Sêkaringpura | radyan gya wangsul maring ||

4. yasa kambang kagyat sang rêtna tumingal | umatur mring sang pêkik | paran marmanira | tan laju wêdalira | rahadèn aris nauri | dhuh gustiningwang | ratu-ratuning manis ||

5. sayêktine kawula tan bêtah pisah | lawan sira mas gusti | dèrèng marêm dènnya | miyat mêmanisira | sang rêtna mèsêm nauri | suwawi agya | manjinga tilamsari ||

6. sampun siyang manira mangke kawruhan | dening wadya kang jagi | radèn manjing sigra | wus tangkêb samirira | samana pawongan sami | arêrêmbagan | lawan rowangirèki ||

7. kayaparan pratingkahe gustinira | wus têtela kadyèki | lamun tan matura | ya marang kangjêng sultan | saiba dukanirèki | mring kang rumêksa | katon tiwasirèki ||

8. para cèthi wus rêmbag nulya umangkat | marang ngarsaning gusti | samana jêng sultan | duk lênggah ing pandhapa | kagyat praptanirèng cèthi | sarwi karuna | sang nata ngandika ris ||

9. ana paran de prapta sami karuna | padha matura nuli | pawongan tur sêmbah | kawula atur tiwas | gèn amba rumêksèng gusti | putra paduka | Risang Sêkaringpuri ||

10. mangkya wanuh lawan Rahadèn Pabelan | putrèng Mayang Dipati | wus anunggal karsa | mangke maksih nèng pura | langkung tiwase kang abdi | dènnya rumêksa | marang gusti sang putri ||

11. sri narendra duk myarsa turing pawongan | jaja lir wora-wari | kumêjot lathinya | pratôndha sangêt duka | angawêd soca anggêni | anggigit waja | pangandikanya wêngis ||

12. hèh pawongan timbalana wong tamtama | ingkang jaga nagari | lurah sajajarnya | kon miranti gêgaman | kang dinuta mentar [me...]

--- 46 ---

[...ntar] aglis | praptèng paseban | panggih lurah kang jagi ||

13. sakancane sampun ingirid mangarsa | Ngabèi Surakêrti | lawan Suranata | kalihira wus prapta | ing ngabyantara narpati | gya dhinawuhan | hèh sira Surakêrti ||

14. sakancamu cêkêlên maling aguna | sing saba jroning puri | poma dèn kacandhak | yèn bôngga rampungana | tigasên murdanirèki | aturna mringwang | sandika kang tinuding ||

15. lurah kalih ambêkta wong kalih dasa | sikêb kaprabon jurit | samya wong prawira | sapraptanirèng pura | anjujug gone sang putri | Ngabèi Sura- | kêrti ngintip sing jawi ||

16. datan samar kalamun Radèn Pabelan | kang nunggil sang suputri | nèng jroning paprêman | Surakêrti gya ngucap | dhuh anak ingsun wong sigit | paran karsanta | têka anggenjah pati ||

17. wani ngrusak sêsêngkêraning sang nata | nging radèn tan nauri | eca rêrangkulan | ciptanirèng wardaya | mati barênga sang putri | èmêng tyasira | Ngabèi Surakêrti ||

18. dene Radèn Pabelan tansah bondhetan | kalawan sang rêtna di | pakèwêd dènnyarsa | nyêpêng mring duratmaka | samana Ki Surakrêti | osiking driya | akarya wuwus lamis ||

19. dhuh sutèngsun Pabelan kalamun sira | tuhu sih mring sang putri | aywa walangdriya | turutên ujar ingwang | manira ingkang ngalingi | ing dosanira | yèn ana dukèng aji ||

20. iya aku ingkang nuhunkên apura | sayêkti lamun lilih | dukane jêng sultan | ya ta Radèn Pabelan | myarsa linge Surakêrti | asrêp tyasira | nyana lamun sayêkti ||

21. dadya wudhar dènira arêrangkulan | Dyan Pabelan gya mijil |

--- 47 ---

karsanya rahadyan | pan arsa ngabêktia | mring Ngabèi Surakêrti | minta aksama | sapraptanirèng jawi ||

22. Surakrêti ngêjèpi mring kancanira | wadya tamtama nuli | sarêng anarajang | marjaya mring rahadyan | saking ngarsa saking wuri | pêdhang kalewang | talêmpak tumbak kêris ||

23. datan bisa malês Rahadèn Pabelan | jur amoh wus ngêmasi | Sang Rêtnaningpura | sangêt dènnya karuna | wus katur marang sang aji | yèn duratmaka | kacandhak angêmasi ||

24. kuwandanya binuwang kali Nglawiyan | têtela malingnèki | Rahadèn Pabelan | putrèng Tumênggung Mayang | èsmu kaduwung ing galih | ing sanalika | kasusu sruning runtik ||

25. ya ta wau sira Ki Tumênggung Mayang | myarsa yèn putra lalis | anèng jro kadhatyan | bangke pinurak-purak | ilang labêting priyayi | ciptaning driya | arsa atur udani ||

26. mring kang raka Senapati ing Mataram | patine putranèki | sampun karya surat | gya miji abdinira | dinuta marang Matawis | arêrikatan | ing marga tan winarni ||

27. dutanira sampun prapta ing Mataram | panggih Sang Senapati | surat wus tinampan | binuka sinuksmèng tyas | kadhadha raosing tulis | Sang Senapatya | langkung ngungun ing galih ||

28. katon lamun siyasate Sultan Pajang | maring pulunannèki | dhasar Senapatya | wus lami datan seba | marang ing Pajang nagari | dhasar anjarag | mrih dinukana mangkin ||

29. mring jêng sultan sêdya mangrêbut nagara | nging Ki Juru Martani | gung ngêlus kang putra | pinrih ngantia masa | wêktu karsaning Hyang Widhi | Sang Senapatya | ginunturan mêmanis ||

12. Dhandhanggula

1. kunêng gantya winuwusa [winu...]

--- 48 ---

[...wusa] malih | nagri Pajang samana jêng sultan | lagya siniwèng wadyane | ambalabar supênuh | neka warna busanèng dasih | lir panjrahing puspita | tulya sri dinulu | jêng sultan aris ngandika | mring Ngabèi Wilamarta myang Wuragil | sutèngsun Senapatya ||

2. kaya wus lawas antaranèki | gone datan seba maring Pajang | andungkap rong warsa kiye | arsa madayèng wuwus | iya marang jangji ing nguni | Wuragil Wilamarta | manêmbah umatur | inggih lêrês sabda tuwan | pan kawula gusti amidhangêt warti | putranta Senapatya ||

3. wus ambangun kutha ing Matawis | kadya badhe balila ing nata | sampun kathah prajurite | duk myarsa sang aprabu | langkung ngungun ngandika aris | lamun kaya mangkana | pariksanên gupuh | iya marang ing Mataram | apa nyata kaya ujarira iki | gampang yèn wus pratela ||

4. sira dhewe lumakua nuli | aywa akèh anggawa punggawa | lakua lancaran bae | sandika kang tinuduh | nêmbah mundur saking ngarsa ji | sigra mangkat kalihnya | wahana kuda gung | ing marga datan winarna | lampahira ing Mataram sampun prapti | panggih lan Senapatya ||

5. Wilamarta andhawahkên aglis | sutèng ulun kaki Senapatya | kawula ingutus mangke | ing ramanta sang prabu | jêngandika dipun timbali | mring Pajang de wus lama | tan sumiwèng prabu | angewahi prajanjean | paran ingkang dadya darsananing kapti | karya sêmanging driya ||

6. Senapati mèsêm anauri | umatura marang kangjêng sultan | ulun tinimbalan mangke | inggih sandika lamun | kangjêng sultan karsa marèni | angalap sutaningwang | lawan garwaningsun [garwaning...]

--- 48Seharusnya halaman 49 dan seterusnya. ---

[...sun] | mangan nginum kinon bucal | amarèni apa kêna ulun maksih | doyan nginum mêmangan ||

7. ulun kinon akurisa nênggih | dene sultan kaya aparema | tuwuh sadawane dhewe | pagene ya cinukur | datan ana salahirèki | Wilamarta matura | marang sang aprabu | yèn mangkono atur ingwang | Wilamarta Wuragil ngungun ing galih | inggih lamun mangkana ||

8. ulun mantuk umatur ing aji | Ki Wuragil lawan Wilamarta | gêgancangan ing lampahe | prapta ing Pajang sampun | laju marêk ngarsaning aji | sampun katur sadaya | kang putra turipun | jêng sultan ngungun ing driya | myarsa ture ingkang putra Senapati | têtela yun balila ||

9. kunêng gantya winuwusa malih | ing Mataram Senapati lagya | pinarak anèng purane | angadhêp Kyai Juru | Amartani gung mituturi | dhuh anggèr putraningwang | paran karsanipun | sira kulup tinimbalan | mring jêng sultan têka tan seba tumuli | tan wurung nêmu dosa ||

10. wong marêngkang karsaning narpati | upamane kulup sira arsa | angrêbut ing Pajang mangke | apa margane unggul | arsa mungsuh sri narapati | Sultan Pajang kuwasa | prawira dibya nung | ing nguni arsa cinidra | mring dutane Arya Jipang tur sang aji | kapanggih lagya nendra ||

11. kajinêman prapta anuduki | datan môntra tumamèng sarira | eca dènira asare | kampuhira tan butul | sagung para garwa samyanjrit | jêng sultan pinarbutan | kapita gya wungu | tumingal pra garwanira | sru karuna anyipta sri nata kanin | tan wruh yèn eca nendra ||

12. lawan iku wadyanira kaki | wong Mataram gêng alit kèhira | dêstun mung sèwu cacahe | arsa nglawan [ngla...]

--- 49 ---

[...wan] prangipun | marang wadya Pajang nagari | sapa dèn andêlêna | tan wun rêmak rêmpu | apan dudu timbangira | wong Mataram uyah sawuku upami | ing Pajang pan samodra ||

13. lagya wadyane putranirèki | prajurite Pangeran Bênawa | layak têlung èwu luwèh | pan durung para mantu | adipati ing Dêmak nênggih | punggawane salêksa | lawan malihipun | sira Sang Dipati Tuban | sangang èwu punggawane sura sêkti | seje arahanira ||

14. adipati ing Bantên anênggih | pitung èwu wadyane sadaya | tatal prawira yudane | wadya Mataram iku | pama sarêm kalbèng jaladri | apa kang dèn andêlna | tiwas rêmak-rêmpu | pama timun mungsuh duryan | kayapriye upama api sapêlik | kaguntur drêsing udan ||

15. iya kulup raose tyas mami | yèn sira prang lawan ratu liyan | sapuluh Pajang gêdhene | kèhe prajuritipun | myang dibyane mungsuhirèki | kaya nora sumêlang | pan wus jamakipun | rêbut unggul ing ayuda | mênang ngukub kalah kaboyong ing jurit | wus jamaking satriya ||

16. dene sira wus winêca nguni | iya marang sang raja pandhita | yèn bakal mêngku prajane | tumurun mring nak putu | samya mêngku ing nuswa Jawi | iku wirayatira | babo putraningsun | sarèhêna nalanira | yaywa kasusu lamun kasiku ing Widhi | arsa mungsuh jêng sultan ||

17. iya kulup raose tyas mami | yèn sirarsa mungsuh Sultan Pajang | tri prakara kainane | kang dhihin mungsuh guru | kapindhone mungsuh ing gusti | ping tri amungsuh bapa | iya nadyan iku | dudu kang yoga ing sira | nanging sira kinêmpit sangkaning alit | kongsi praptèng diwasa ||

18. lawan dadya gurunira kaki |

--- 50 ---

apan sira winuruk agama | timur kongsi akir balèg | tata sarengatipun | angungkuli putra pribadi | paran wêwalêsira | mring ramanirèku | wit sira duwe nagara | ing Mataram tan liyan saking sang aji | lah mara rasakêna ||

19. Senapati karasa ing galih | amiyarsa andikaning rama | Kyai Juru Martanine | Senapati tumungkul | dangu datan sagêd mangsuli | wuruke ingkang rama | rinasa ta urut | kungkulan sabdaning rama | tan sawala nanging adrênging panggalih | dadya aris turira ||

20. ulun matur ing paduka mangkin | kadospundi ing karsa paduka | Ki Juru aris saure | têdhanên mring Hyang Agung | apanêkung aywa nalisir | Gusti lawan kawula | êndi tunggalipun | kang sinêmbah iya Alah | kang anêmbah pan iya Alah sayêkti | lir satu lan rimbagan ||

21. nyatakêna tingalira kaki | lah têdhanên nagara ing Pajang | sa-Jawa ngidhêpa kabèh | sakèhe para ratu | pama ingsun dadia aji | ingsun milih ing Pajang | gampangane iku | sêsuwunên mring Hyang Suksma | lamun têmên-tinêmênan ing sakapti | marang Kang Murbèng Gêsang ||

22. Kyai Juru angandika malih | sun têtêdha sira mring Hyang Suksma | dadia ratu ing têmbe | anggêntènana besuk | kaprabone ramanirèki | dadia tunggalira | sagung para ratu | kabèh ngidhêpa mring sira | nanging mêngko sabarêna tyasirèki | ngantia karsaning Hyang ||

23. dèn tumêmên ciptanira kaki | panêdhamu ing nagara Pajang | mring kang Maha Kawasane | dene doh parêkipun | Gusti lawan kawula kaki | adoh tanpa wangênan | dèn parêk puniku | datan gêpok ing sarira | kang sanyata sarkara rupa lan manis | tan kenging pisahêna ||

24. iya kulup ing panduga [pandu...]

--- 51 ---

[...ga] mami | lamun sira tulus sungkêmira | mring ramanira sang rajèng | kaya-kaya tan wurung | lamun sultan tumêkèng lalis | tan ana sayogyanya | kang mêngku kaprabun | sira sutane kang tuwa | nadyan dudu gone ayoga pribadi | nanging wajib gumantya ||

25. Kyai Juru kèh wulangirèki | lair batin wus wutah sadaya | kang putra padhang driyane | nging tan suda karsèku | gung bojana ing siyang latri | sagunging pamajêgan | kang arsa malêbu | marang nagari ing Pajang | tur upêkti yèn kawruhan Senapati | ingandhêg lampahira ||

26. sabên ari wus kathah kang prapti | nèng Mataram binojadrawina | sinarudhah sakarsane | kasukan siyang dalu | pan sadaya pinèt tyasnèki | marang Ki Senapatya | jrih asih sumungku | sagah labuh jiwa raga | tan kumêdhèp tinêmpuhna ing ajurit | amungsuh nagri Pajang ||

27. kang wus wuru ngatingalkên sami | guna tuwin kaprawiranira | andadar kadigdayane | sadaya aturipun | ngong tan èstu tur bulubêkti | marang nagari Pajang | langkung sae katur | dhatêng paduka kewayakewala | Senapati angandika rum amanis | ya padha ngong tarima ||

28. ing prasêtyanira marang mami | benjang lamun seba marang Pajang | barêng lan manira bae | yèn ana dukanipun | kangjêng sultan ing Pajang benjing | manira ingkang nôngga | paukumanipun | para mantri pamajêgan | pan sadaya dahat sukanirèng galih | wuwuh sumungkêmira ||

29. tan winarna rêroncènirèki | ingkang seba wus kinèn bubaran | Senapati kondur age | gantya malih winuwus | Kyai Bocor karsanirèki | pan arsa ngayonana | mring kadibyanipun |

--- 52 ---

Senapati ing Mataram | datan kêna ingampah driyanirèki | Kyai Bocor samana ||

30. micarèng tyas nora talah mangkin | para mantri tuwin pamajêgan | têka bangêt sumungkême | mring Senapati iku | kapiluyu dibyanirèki | karoban bojakrama | saguh wani mungsuh | aprang lawan Sultan Pajang | paranbaya kang dèn andêlakên sami | dêstun wong tanpa ngrasa ||

31. durung lêga raose tyas mami | lamun ingsun wurung ngayonana | Senapati kadibyane | dene apêksa luhung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | abêbalung prunggu | otot rante miwah kawat | tuwin lamun ora pasah kêris mami | ingsun gêlêm ngawula ||

32. anêmbaha marang Senapati | yèn tan mangkono ngong durung wêgah | anadhahi sagêndhinge | saya drêng karsanipun | Kyai Bocor dhuwungirèki | Kêbo Dhêngên wastanya | landhêp tatal ampuh | ya ta sawusnya mangkana | Kyai Bocor mangkat sing wismanirèki | lajêng manjing jro pura ||

33. wadya ingkang sami jaga kori | datan ana ingkang munasika | marang Ki Bocor lampahe | Sang Senapati nuju | lênggah dhahar ngungkurkên kori | Ki Bocor awas mulat | gya narajang gupuh | Senapati pinarjaya | wanti-wanti eca dhahar datan nolih | Ki Bocor kasayahan ||

34. kongsi rêmpu curiganirèki | Kyai Bocor ambruk tibèng lêmah | karungkêb asru tibane | sariranya alêsu | sarwi muwus angasih-asih | magêp-magêp sêsambat | minta apurèku | Panêmbahan Senapatya | langkung kagyat nolih ing wuri sarywa ngling | kakang wontên punapa ||

35. dene têka sumungkêm ing siti | awêcaa paran karsanira | Kyai Bocor lon ature [a...]

--- 53 ---

[...ture] | kawula nuwun bêndu | dene arsa akumawani | angayoni paduka | mangkya nuwun ampun | sumôngga sakarsa tuwan | pêjah gêsang kawula katura mangkin | inggih dhatêng paduka ||

36. Senapati angandika aris | ênggèh kakang sampun walangdriya | anuli mantuka age | Ki Bocor sigra mundur | Senapati kesah tumuli | lêlana mati raga | Nglipura jinujug | ana watu kumalasa | gêng sagajah Senapati gya alinggih | pitêkur madyèng sela ||

37. esthanira lir anunggang èsthi | irênging sela wus kadya gajah | roning pandhan ing têpine | kadya palananipun | suluring kang pandhan kang putih | saingga gadhingira | tumêlung ing banyu | Senapati nglês tyasira | laju nendra nèng luhuring sela langking | tan etung pringgabaya ||

38. ya ta wau Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca tyasira | têngah dalu ing wayahe | sira Kiyai Juru | karsanira mring dalêm puri | prapta jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh kônca kang tunggu lawang | Senapati mangkya pinarak ing ngêndi | matura ingong seba ||

39. dasih tunggu kori matur aris | putra tuwan wus dangu wijilnya | ulun tan wikan parane | Kyai Juru gya wangsul | laju arsa ngulati siwi | anjujug ing NglipuriGuru lagu seharusnya: 7a, anjujug ing Nglipura | datan dangu rawuh | wus ta panggih ingkang putra | Senapati lagya sakeca aguling | anèng sela gêgilang ||

40. Kyai Juru Martani lon angling | sutèng ulun kaki Senapatya | têka pijêr eca sare | samana Kyai Juru | aningali luhurirèki | ana lintang gumêbyar | lir baskara murub | agêngira sakalapa | nèng luhuring Senapati dènnya guling |

--- 54 ---

Ki Juru ngungun ing tyas ||

41. eram mulat lan tanggêngirèki | ingkang putra anulya ginugah | dhuh kulup tangia age | têka eca aturu | lah dulunên luhurirèki | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal ing luhurira | Senapati mojar apa katon iki | mancorong luhur ingwang ||

42. ponang lintang anauri aris | wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah sira mangke | gonira amanêkung | amaladi sêmadi êning | anêgês karsaning Hyang | Kang Murwèng Pandulu | wus sêdhênge luwarana | mangkya sira uwus tinarimèng Widhi | apa sasêdyanira ||

43. benjang sira jumênêng narpati | nèng Mataram amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | tumêka anak putu | tulus samya mêngku rat Jawi | dadya pandaming jagad | ing saturun-turun | wus têlas pituturira | ponang lintang musna marang awiyati | Senapati sukèng tyas ||

44. Kyai Juru Amartani angling | dhuh sutèngsun kaki Senapatya | aywa ujubriya dene | ujaring lintang iku | nora kêna ginawe pasthi | tan kêna tinagiha | yèn malècèng wuwus | pae lan janma manusa | lamun cidra sayêkti kêna tinagih | awit bisa pêpanggya ||

45. Senapati sandeya ing galih | amiyarsa andikaning paman | sangsaya kodhêng driyane | wasana aris matur | kadospundi karsanta mangkin | kawula tan lênggana | ing sarèhirèku | pêjah gêsang ulun têmah | Kyai Juru Martani mèsêm nauri | lah iya sutaningwang ||

46. durung lêga raose tyas mami | pêsunên manèh sariranira | sun rewangi sira anggèr | têdhanên mring Hyang Agung | [...]Kurang tiga baris ke-5, 6, 7 | kang putra matur sandika | Senapati manêmbah mangkat tumuli | anggêbyur kali Opak ||

--- 55 ---

47. lajêng ngèli lawan gèthèk êpring | wontên olor gêng kagila-gila | pun Tunggulwulung arane | yèn janmaa amuwus | ing samêngko ingong kapanggih | kalawan gustiningwang | gya marpêki matur | anitiha gigir ingwang | ulun malês kadarman paduka gusti | sumarah ing sakarsa ||

48. ponang olor kalanira nguni | Senapati karsa acangkrama | nèng sungapan samodrane | ing kali Mas kinêbur | siyang dalu awira-wiri | turut kali mangandhap | gya wangsul mandhuwur | karsa amisaya mina | manggih olor anèng jro warih kaèksi | kagiri-giri gêngnya ||

49. pan kasatan mêntas datan bangkit | pinarbutan marang wong Mataram | olor wus cinêkêl age | binêkta mêntas sampun | ingaturkên mring Senapati | eram ngungun tumingal | mring olor gêngipun | nulya sinungan busana | ajamang mas kalung mas sinotyan adi | mantêsi warnanira ||

50. ponang olor sinungan wêwangi | Tunggulwulung wusnya binusanan | nulya inguculkên malèh | lumarab maring ranu | lir andaru lampahirèki | ujwalaning busana | sumorot ngênguwung | lir andaru lampahira | gêbyar-gêbyar lir kilat barung lan thathit | Senapati sukèng tyas ||

51. Senapati gya angèli malih | laju kandhêg anèng ing sawangan | nèng têpining samodrane | alun sêgara kidul | datan kêndhat swaranirèki | gumaludhug lir gêlap | golongan lir gunung | samodra kadya kinocak | Senapati saya sudira ing galih | tan miris ing bêbaya ||

52. Senapati osiking panggalih | karsa manjing têlênging samodra |

--- 56 ---

yèn tan tinêkan sêdyane | Senapati manêkung | amaladi sêmadi êning | anêgês karsaning Hyang | Kang Murwèng Pandulu | nulya prahara gêng prapta | sindhung riwut bayu bajra awor angin | wrêksa gêng-agêng rungkat ||

53. lir kinocak toyaning jaladri | molak-malik panas kadya wedang | mawor solahing mina kèh | molah pating kalubuk | wênèh milar tumibèng tasik | mina alit kèh pêjah | nèng pèrèng aparung | ing gisik kadya rinêngga | sruning swara kapyarsa saking jro puri | puraning Prabu Kênya ||

54. Ratu Kidul angandika aris | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mangkene | ingga baskara runtuh | dene toya panas lir gêni | kocaking we lir kawah | kèh mina kang lampus | kiyamat sining samodra | Nyai Kidul sigra umêsat tumuli | saking ing puranira ||

55. lampahira apan kadya thathit | sumaripit lir kilat lumarab | datan kawruhan ing ngakèh | wus prapta ngarsanipun | Senapati ingkang nèng têpi | samodra nungku cipta | sira Nyai Kidul | ngunadika ing wardaya | baya iki kang karya orêging tasik | wasana aris mojar ||

56. dhuh wong agung sêsotyaning bumi | awêlasa isining samodra | aywa kadarung risake | sining samodra kidul | lir kiyamat mina kèh mati | dhuh sampun walangdriya | ing karsa pukulun | sadaya kagungan tuwan | ing sakarsa-karsa paduka pan dadi | nadyan jim parayangan ||

57. tanpa gawe sira janma luwih | apan rusak gêgaweanira | manira sakarsaning rèh | yèn sira darbe kayun | parayangan kalawan êjim | kalamun nêmu karya | adunên prang pupuh | pan dama [da...]

--- 57 ---

[...ma] sakarsanira | nadyan arsa sineba ing para êjim | pêri myang parayangan ||

58. angidhêp ing sira sadayèki | apan sira wus pinêsthi dadya | pêpakuning Jawa kabèh | bapa bakuning ratu | ingkang mêngku ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | rêsêp manahipun | amiyarsa aturira | Nyai Kidul pinuju wêcanirèki | marang sariranira ||

59. wus waluya isining jaladri | saking sabdanirèng Senapatya | sadaya sukèng driyane | Nyai Kidul gya mantuk | Senapati apan tut wuri | umanjing jro samodra | tan têlês ing ranu | wus prapta kadhatonira | Senapati angungun sajroning galih | wus samya lênggah tata ||

60. Senapati Ngalaga ningali | patamanan balene kancana | ing nguni iku purwane | bale ika rinêbut | marang Gathutkaca ing jurit | aprang ing jumantara | bale ika runtuh | tiba têlênging samodra | pan pinupu marang Nyai Kidul mangkin | pinarnah mungging taman ||

61. latarira sinêbaran sami | intên mirah mutyara pêkaja | pating galêbyar sunare | tan pae lan swarga gung | anêlahi rêngganing puri | kathil mas sinasotya | alêlèmèk babut | prangwêdani rinênggèng mas | pasarean tuwin palênggahan sami | pinunjul rêngganira ||

62. kori-kori rinêngga mas adi | pucak gapura sinung mutyara | hèr kêmbang samaja gênge | lir sunaring sitangsu | anêlahi sajroning puri | nadyan wêngi lir rina | gunging sotya murub | anyunari patamanan | kêmbang-kêmbang samya jinêmbangan rukmi | sinêling lan salaka ||

63. witing sêkar kêncana kinardi | godhong-godhong sutra pinarada | sêkar karuk myang

--- 58 ---

pêntile | samya mas sinotya gung | kawan dasa ingkang kadyèki | ngandhap sinungan rêca | kêncana pinatut | pindha pêri parayangan | catur samya binusanan sarwa adi | lir apsari citranya ||

64. jêruk jirak pijêtan lan manggis | sami andadi nêdhêng wohira | puspita anjrah ngisore | myang wohira kèh runtuh | anggêlasah tumibèng siti | sari kadi jalada | upamane mêndhung | kinubêngan ing bêngawan | catur kèhe kang dhingin bêngawan warih | pindho bêngawan pohan ||

65. ping tri madu mawar caturèki | ya ta wau Senapati lênggah | lawan Nyai Kidul jèjèr | pantês lamun dinulu | kadya Kumajaya lan Ratih | tan ana kang kuciwa | warnane sang ayu | salin ping pitu sadina | tuhu lamun pinunjul isining bumi | tan ana tumimbanga ||

66. tuwin kadibyanirèng ajurit | datan ana ingkang tumimbanga | Ratu Kidul kasêktène | ngêndi kang nora têluk | pan lêlêmbut ing nungsa Jawi | jim pêri parayangan | sadaya sumungku | mring Ratu Kidul sadaya | sabên warsa angaturkên bulu bêkti | mring sang prabu wanodya ||

67. Ratu Lodhayong sami anangkil | Ratu Gunung Mêrapi aseba | tanapi ratu ing Ngare | Ratu Balêdhug Kuwu | Waringin Wok samya anangkil | Roban miwah ing Ayah | ing Waringin Budhur | ing Guwa Prau Karêman | Rawa Loba tuwin ratu ing Dalêpih | samya nungkul sadaya ||

68. Senapati kasmaran ing galih | miyat marang sang raja wanodya | amicara jro driyane | baya ratuning ayu | kumaraning wadon sabumi | nadyan apsari swarga | anyèthia patut | tan pantês jajara lênggah | mring kusuma musthikanirèng jaladri | angrêncana wong tapa ||

69. Nyai Kidul amicarèng

--- 59 ---

galih | sun bekane ratu ing Mataram | dimèn lali karatone | mrih kulinèng jro ranu | piniluta ing ulat manis | sang dyah liniring tingal | tinanduk tumungkul | kapapan raosing driya | Senapati mèsêm angandika aris | dhuh ratuning kusuma ||

70. ingsun iki ratu ayu witning | arsa wikan pasareanira | apa ta baya warnane | rêtnaning pura matur | tan pakèwêd yèn arsa uning | darma têngga kewala | kawula pukulun | sadaya kagungan tuwan | Senapati astane nulya kinanthi | binêkta mring paprêman ||

71. sapraptane jroning tilamsari | nulya lênggah ajajar kalihan | Senapati ngungun tyase | myat rarênggan di luhung | sarwa sotya sadaya sami | Senapati ngandika | dhuh gusti wong ayu | sajêg ingsun durung miyat | rarêngganing kadhaton pindha swarga di | cacade mung sajuga ||

72. wus miranti sadaya linuwih | tanpa kakung dadya tan sêmbada | sang rêtna mèsêm ature | sakeca tanpa kakung | mung anggalih badan pribadi | eca momong sarira | lan ngawulèng kakung | Senapati angandika | ingsun yayi dupi myat tilamirèki | kasabêt ing asmara ||

13. Asmaradana

1. kadadak kandhuhan kingkin | tan ana ingkang sayogya | paring usada wirage | liyan ratuning kusuma | musthikaning samodra | guru ratuning wong ayu | aywanggung karya wigêna ||

2. dasih datan bisa mulih | marang nagara Mataram | lêbur luluh anèng kene | yèn durung antuk usada | sang dyah mèsêm ngujiwat | gya cinandhak astanipun | sang rêtna anêngkah madya ||

3. wong iki arsa punapi | tingkahe aparipêksa |

--- 60 ---

kaya ingalêm polahe | nora mambu wong ngumbara | sêmbrana parikêna | Senapati ngandika rum | dhuh gusti pêpujan ingwang ||

4. kang sawang mênur rinujit | intên-intêne pun kakang | mung apuranira anggèr | kawula tur jiwa raga | sumôngga sang kusuma | pêjah gêsang ulun katur | marang adining kusuma ||

5. dasih datan bisa mulih | yèn dèrèng antuk usada | sarwi ngaras pambayune | sang ayu anêngkah jaja | jiwit sarwi ngujiwat | sang rêtna pinondhong gupuh | binêkta malêbèng tilam ||

6. pan lajêng atangkêp samir | nutug dènnyandon asmara | datan winarna solahe | sawusnya nutugkên karsa | gya maring pawarihan | sang ayu kalangkung ngungun | tan nyana sariranira ||

7. sawusnya sêsotya nuli | gya pinondhong maring tilam | satata lênggah kalihe | sang rêtna aris turira | dhuh pangeran tulusa | dènnya sih mring dasihipun | ing benjang saturunira ||

8. kawula ingkang ngêmongi | aywa cidra ing ubaya | Senapati lon ature | ya bangêt tarimaningwang | dening prasêtyanira | aywa sumêlang wong ayu | pêjah gêsang ngong katura ||

9. sang rêtna mèsêm anjiwit | wus adat ujaring priya | yèn lagi ana karêpe | akèh-akèh sêtyanira | mêngko yèn wus katêkan | pasthi lir gangsir amungkur | Senapati mèsêm nabda ||

10. sêtyanana masku ari | kalamun cidra ubaya | sang rêtna pinondhong age | ginunturan ing srênggara | rinêpa ingarihan | wusing gati sang rêtna yu | kapati dènira nendra ||

11. sinarèkkên sang suputri | ing kasur pan siningêban | ingapit-apit gulinge | Senapati eram mulat | mring cahyane sang rêtna | lir sunare kartikesuk | rasa-rasa atilara ||

12. angunadika ing galih | kayaparan [kayapa...]

--- 61 ---

[...ran] awak ingwang | lamun awèta nèng kene | mêmurung pakarya tama | kabegal ing asmara | Senapati ciptèng kalbu | arsa kundur mring Mataram ||

13. sang ayu kapati guling | Senapati mêsat agya | praptèng Parangtaritise | samana Kangjêng Suhunan | Kadilangu wus lênggah | nèng Parangtaritis dangu | Senapati sampun wikan ||

14. marang ing gurunirèki | Senapati gya mangarsa | atur bêkti mring gurune | angaturkên lêpatira | Jêng Sunan angandika | adhuh anggèr putraningsun | dèn narima ing Hyang Suksma ||

15. yèn sira yun tulus dadi | pêpakuning tanah Jawa | dèn bangêt sukur ing Manon | ywa nuruti manah arda | angkara puwa-puwa | budia para martayu | tulusa umadêg nata ||

16. anèng nagari Matawis | para ratu tanah Jawa | pintanên nungkula kabèh | iya kulup marang sira | lah payo mulih agya | apan ingsun arsa wêruh | ing rakite wismanira ||

17. kalihe sarêng lumaris | datan dangu lampahira | prapta nagri Matarame | Jêng Sunan ngungun tumingal | marang rakiting wisma | watêsing capurinipun | datan mawi pinagêran ||

18. bèbèk ayam kêbo sapi | datan mawi sinung kandhang | Jêng Sunan ngandika alon | hèh Ki Jêbèng Senapatya | kayaparan karsanta | iku mangkono karsamu | dadi ngandêlakên sira ||

19. sapa kang wani ing kami | marma kêbo sapinira | ingumbar tanpa kandhange | dumadya sira jubriya | aywa mangkono sira | antuk sikuning Hyang Agung | dudu ambêking utama ||

20. kang putra dhêku tur bêkti | karasa ing luputira | Suhunan ngandika alon | marènana ywa mangkana | dèn rumasa kawula | lumrahe wong omah [o...]

--- 62 ---

[...mah] iku | iya pagêr myang jêjagang ||

21. kêbo sapi dèn kandhangi | rinêksa tur pinêthokan | yèn dalu kunci korine | yèn wus miranti sadaya | gya pasrah mring Hyang Suksma | ywa pisan manah têkabur | andhandhang budi tan arja ||

14. Dhandhanggula

1. akaryaa pagêr bata kaki | wadyanira Mataram sadaya | konên anyithak batane | pantêsên wiyaripun | aywa katon kibirirèki | Senapati Ngalaga | sandika turipun | wus pinaring watêsira | Jêng Suhunan anêlas wulangirèki | marang Ki Senapatya ||

2. kunêng ingkang amangun nagari | gantya warnanên Jêng Sultan Pajang | lagya siniwèng wadyane | pinarak siti luhur | pan ingayab pawongan cèthi | wadya putra santana | supênuh ing ngayun | neka busananing wadya | ambalabar lir panjrahing sari-sari | samana kangjêng sultan ||

3. angandika mring putranirèki | sutèng ulun Dipati Bênawa | sira lumakua age | kalawan Si Tumênggung | iya Môncanagara tuwin | lawan Dipati Tuban | sandika turipun | anêlika mring Mataram | awasêna kakangira Senapati | kayapa kaanannya ||

4. ingkang putra tur sêmbah nulya mit | mêsat saking ngabyantara nata | gêgancangan ing lampahe | pun Pangalasan Sèwu | wadya Pajang kang ponang têlik | apan iku mitranya | tuwin tunggal guru | lan Senapati Ngalaga | kinèn mangkat rumiyin marang Matawis | sapraptaning Mataram ||

5. awêwarah marang Senapati | ing Ngalaga lamun Sultan Pajang | nglampahkên utusan mangke | watawis praptanipun | inggih dintên ing benjing enjing | pangeran ing Bênawa | lawan Ki Tumênggung | Môncanagara kalawan | putra mantu sira Adipati Tubin | sawadyabalanira ||

6. Senapati Ngalaga

--- 63 ---

duk myarsi | gya sanengga arsa amêthuka | sampun undhangi wadyane | nèng Randhulawang ngumpul | wus sumêkta budhal tumuli | gêng alit wong Mataram | umiring sadarum | kuda dipôngga myang tundhan | myang sunggata wus kandhêg lampahirèki | anèng ing Randhulawang ||

7. duta Pajang lampahira prapti | Ngrandhulawang Senapati mulat | mring Pangran Bênawa age | gupuh dènira mêthuk | kalihira onênging galih | tundhuk arêrangkulan | kang rayi umatur | kawula puniki kakang | langkung kangên wus lami datan kapanggih | inggih lawan paduka ||

8. ingsun yayi pan iya kadyèki | luwih bangêt kangênku mring sira | dene lawas tan pêpanggèh | iya lawan sirèku | payo yayi nitiha èsthi | aywa nitih turôngga | ing kene lan ingsun | kang rayi datan lênggana | Senapati ajajar lênggahirèki | lan Pangeran Bênawa ||

9. ingkang rayi gya umatur aris | kakang Senapati lampah amba | ingutus ramanta mangke | dènira rama prabu | amiyarsa wartaning dasih | lamun paduka arsa | mungsuh rama prabu | nging ramanta tan pitaya | ujar ingong mila kawula tinuding | angyêktèkakên warta ||

10. Senapati angandika aris | môngsa-borong ingkang gawe warta | yêkti ramanta sang rajèng | tan susah ingong matur | iya masa kilapa maring | ing solah-bawaningwang | lamun ciptaningsun | saisine ing Mataram | nguni mêngko tan rumôngsa andarbèni | nadyan badan manira ||

11. sayêktine kagungan sang aji | kaya priye kalamun manira | nêdya balela ing rajèng | yêkti tan manggih ayu | dèn pracaya ing atur mami | yayi sakarsanira | anèng ing Matarum | sadaya kagunganira | ywa sumêlang [su...]

--- 64 ---

[...mêlang] yèn ana karsanirèki | rêngkuhên darbèkira ||

12. Adipati Bênawa ngling aris | hèh Tumênggung Amôncanagara | dadya linyok ing wartane | iya kang gawe atur | ngamandaka mring rama aji | dene iki yêktinya | si kakang rahayu | pratandhane sawadyanya | gêdhe cilik miranti suguhirèki | tuwin pangrêksanira ||

13. sigra lajêng lampahira sami | sawadyane wus praptèng Mataram | sigra manjing ing dalême | wus samya tata lungguh | lawan para tamunya katri | supênuh wadyanira | umarêk ing ngayun | sugata lumadyèng ngarsa | sêkul ulam dhaharan minuman sarwi | amiyarsakkên gôngsa ||

14. Adipati Tuban matur aris | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika puniku | rêmên miyat wong bêksa rangin | tamèng towok myang pêdhang | Senapati muwus | iya yayi pan mangkana | nanging abdinira wong Mataram lagi | sinaon lan rowangnya ||

15. sang dipati ing Tuban turnya ris | ulun darbe abdi tukang bêksa | pinunjul bêksane tamèng | myang towok pêdhangipun | anèng Tuban sampun linuwih | prakosa widikdaya | wasis bêksanipun | dadya paguroning kathah | wus kawêntar ngalahkên wong pitung nagri | mangkya ulun sumôngga ||

16. Senapati Ngalaga nauri | mendah baya wongira Mataram | uninga wong bêksa rame | ingkang tuhu pinunjul | ngalahakên wong pitung nagri | saiba rêmênira | yèn bisaa niru | mangkya paran umiringa | wadyanira ingkang bangkit bêksa rangin | inggih tumut sadaya ||

17. Adipati Tuban ngandika ris | marang abdinira tukang bêksa | lah payo bêksaa tamèng | si kakang arsandulu | êntèkêna gêlarirèki | sandika kang liningan | gya bêksa mangayun |

--- 65 ---

towok tamènge cinandhak | karya onclang gya binuwang mring wiyati | pan tinadhahan dhadha ||

18. kang tumingal samyeram ing galih | miyat pratingkahira kang bêksa | sarosa luwês solahe | sudira dhasar têguh | Senapati suka ing galih | samana ingkang putra | Dyan Rôngga umatur | bêbisik marang kang rama | kêdah nuwun anglawani bêksa rangin | nanduki wadya Tuban ||

19. Senapati api tan miyarsi | gung jinawil marang ingkang putra | mêksa adrêng panuwune | Dipati Tuban dulu | mring Dyan Rôngga solahirèki | dadya matur ing raka | dhuh kakang puniku | putranta nuwun punapa | Senapati mèsêm angandika aris | pan iku sutanira ||

20. iya kudu milu bêksa rangin | paripêksa tan wruh ing dêduga | datan rumasa awake | arsa nglawan wong sêpuh | Adipati Tuban lingnya ris | dhuh anggèr putraningwang | ywa nglawan sirèku | sun duga durung kuwawa | apan iku wong Tuban wus tanpa tandhing | Dyan Rôngga matur nêmbah ||

21. inggih botên nêdya anandhingi | lingsèn karya sinau abêksa | sang dipati èmêng tyase | myat kang putra ambêrung | kadospundi kakang puniki | bok inggih tinurutan | mèn lêga tyasipun | iya kulup abêksaa | hèh wong Tuban apan iku putra mami | ajarên bêksanira ||

22. iya nanging ywa sira têmêni | kang liningan umatur sandika | kang putra ingatag age | Dyan Rôngga sigra maju | tamèng towok agêmirèki | gotong pat towokira | tamèng gotong pitu | dhasare waja malela | sang dipati ing Tuban ngungun ningali | mring gamane kang putra ||

23. salamine pan dèrèng udani | tamèng towok samono gêngira | angunadikèng driyane | tuhu [tu...]

--- 66 ---

[...hu] lamun pinunjul | kayaparan tingkahe mangkin | baya luwih sarosa | Dyan Rôngga puniku | samana wiwit ambêksa | Radèn Rôngga tamèng towoke pinusthi | ingumbulkên mring tawang ||

24. tinadhahan ing dhadha lan ngibing | têmpuh lawan bêksane wong Tuban | arame kalaganjure | ganti unclang mandhuwur | towok muluk katon sabibis | tibane tinadhahan | ing jaja myang pupu | surake ambata rêbah | pan kasoran wong Tuban bêksanirèki | myang dibya sarosanya ||

25. gawok ing tyas sadaya wong Tubin | anon bêksane Rahadèn Rôngga | tan môntra kalamun rare | sang dipati sru muwus | hèh wong Tuban yya sira ajrih | lah payo ladènana | Radèn Rôngga iku | apan sarwi kinêjepan | anggarjita wong Tuban sigra nglarihi | marang Rahadèn Rôngga ||

26. kanan kering panuduke nitir | Radèn Rôngga eca dènnya bêksa | tan rinasa sarirane | kang marjaya saya sru | datan kêndhat sing ngarsa wuri | lir nyuduk wêwayangan | tan gêpok ing wulu | eram kang samya tumingal | sang dipati ing Tuban ngungun ing galih | mring solahe Dyan Rôngga ||

27. radèn putra tan arsa malêsi | maksih eca dènira abêksa | tinêtêpkên wangkingane | Dipati Tuban muwus | Radèn Rôngga malêsa nuli | ywa sumêlang tyasira | aran padha têguh | ingsun wus pracayèng sira | wong ing Tuban nuli walêsên dèn aglis | aran padha paguywan ||

28. Senapati angandika aris | lah ta kulup nuli amalêsa | aywa pijêr bêksa bae | Rahadèn Rôngga gupuh | ngajêngakên mungsuhirèki | tamèng lan towokira | sinèlèhkên gupuh | wong Tuban maksih marjaya | gya winalês tinapuk mukanirèki | kang sawiji tinêpak ||

29. sirahira samya nibèng siti |

--- 67 ---

ginosongan marang kancanira | sangêt kantaka kalihe | sadaya eram dulu | mring sêktine rahadèn siwi | giris wadya ing Pajang | myat kadibyanipun | Dyan Rôngga tuhu prawira | wong ing Tuban tautate tal sêktiKurang satu suku kata: wong ing Tuban tautate tatal sêkti | dumadya tanpa guna ||

30. tan winarna rêruncènirèki | Sang Dipati Bênawa myang Tuban | tuwin Môncanagarane | sampun pamitan kundur | sawadyane wus budhal sami | ing marga tan winarna | praptèng Pajang sampun | jêng sultan nuju sineba | Sang Dipati Bênawa laju mangarsi | katri konjêm ing kisma ||

31. sang dipati nêmbah matur aris | ulun sampun dinuta mariksa | Senapati pratingkahe | dora kang darbe atur | datan wontên lêbêtirèki | pun kakang Senapatya | mêthuk prapta ulun | wontên dhusun Randhulawang | sabalane miranti sunggata sami | myang sagung paurmatan ||

32. datan kêndhat ing samargi-margi | kongsi prapta ing nagri Mataram | datan suda rarênggane | inggih salami ulun | nèng Mataram ing siyang latri | anggung binojakrama | kasukan anutug | sinarudhah ing sakarsa | wadyabala ing Pajang praptèng pakathik | tan wontên kêkirangan ||

33. Ki Tumênggung Amôncanagari | nêmbah matur yèn pangraos amba | kados yêkti pambalike | pun Senapati nêngguh | nanging alus tingkahirèki | sagêd akarya gêlar | mirapêt ing sêmu | Dipati Tuban tur sêmbah | kados lêrês putranta pun Senapati | ambalik karsanira ||

34. nging watawis kawula upami | Senapati lamun pinapasa | ing ayuda kados mangke | awrat sêsangganipun | Senapati sudira [su...]

--- 68 ---

[...dira] sêkti | sabalane prawira | dalah putranipun | pun Rôngga dèrèng diwasa | prawirane angungkuli wong sakêthi | pantês kalokèng jagad ||

35. Sultan Pajang angungun ing galih | amiyarsa ature kang putra | Dipati Bênawa dene | gèsèh ing aturipun | lawan Tuban Môncanagari | nanging nora pitaya | marang aturipun | Tumênggung Môncanagara | ing salahe dene kasêktènirèki | Senapati wus nyata ||

36. sun tuturi Senapati nguni | kala bocah lagya munakawan | anujoni ingsun sare | Senapati atunggu | anèng dagan ingsun aguling | ana taksaka prapta | gêng arsa manaut | maring sun nuli pinancas | ing curiga tugêl gulune ngêmasi | tan ana kang uninga ||

37. lawan malih nalikanirèki | ingsun pêpara marang ing wana | misaya kidang sangsame | ana banthèng gêng ngamuk | wadyaningsun giris angisis | Senapati apanggah | banthèng ingkang ngamuk | pinokah sungune pêjah | tan rêkasa samya eram kang ningali | dene durung diwasa ||

38. kunêng ingkang winuwusa malih | kawuwusa Ki Tumênggung Mayang | garwane ika arine | lan Senapati iku | Ki Tumênggung Mayang kang èstri | dinukan mring Jêng Sultan | ing Pajang tinundhung | marang nagari Samarang | mantri Pajang akathah ingkang umiring | angkate mring Samarang ||

39. garwanira Ki Tumênggung mangkin | pan utusan dasih mring Mataram | sarwi binêktan surate | rikatan lampahipun | praptèng nagri Mataram enjing | panggih lan Senapatya | punang duta matur | lan ngaturkên suratira | Senapati gupuh anampani tulis | binuka sinukmèng tyas ||

40. wus kadriya surasaning

--- 69 ---

tulis | yèn kang rayi dinukan mring sultan | tinundhung mring Samarange | langkung kawêlasayun | Senapati kalangkung runtik | jaja bang winga-winga | lathinya kumêdut | sadaya wadya Mataram | langkung ajrih miyat Senapati runtik | tan na wruh purwanira ||

41. Senapati asru dènira ngling | hèh sakèhe mantri pamajêgan | padha ngong jaluk karyane | rêbutên kadang ingsun | Ni Tumênggung Mayang ing mangkin | sira nuli budhala | mêtua ing Kêdhu | sadaya matur sandika | para mantri sadaya sami pinaring | sangu arta busana ||

42. sukèng driya gya budhalan sami | para mantri wahana turôngga | amiranti gêgamane | ing marga tan winuwus | wong Mataram lampahnya prapti | ing dhusun Jatijajar | wong Pajang kadulu | wadya sèwu winatara | gêgamane tumbak bêdhil amiranti | samana wong Mataram ||

43. garjitèng tyas gya anêmpuh wani | wadya Pajang bingung bilunglungan | tan wruh praptaning mungsuhe | dadya sor yudanipun | wong Mataram anunjang wani | wong Pajang kèh kabranan | catur ingkang lampus | dadya mawur asarsaran | kang kacandhak tinigas murdanirèki | dènira wong Mataram ||

44. Ki Tumênggung Mayang milwa kanin | pinarjaya mring wadya Mataram | wong Pajang lumayu kabèh | tan ana ingkang pangguh | samya mantuk karining mati | rikatan palayunya | ing Pajang wus rawuh | laju umanjing jro pura | katur marang jêng sultan ngungun ing galih | myarsa solahing duta ||

45. dene wadyanya sèwu miranti | mungsuhira amung kawan dasa | wong sèwu kasor yudane | tan ana ingkang kiwul | Sultan Pajang kalangkung runtik | sigra ngundhangi wadya | pan arsa anglurug | marang ing kitha Mataram | wadya Pajang [Pa...]

--- 70 ---

[...jang] gêng alit sampun miranti | sanengga gêgamannya ||

46. anèng alun-alun angêbêki | abra busananya neka warna | lir panjrahing kusumane | jêng sultan wus angrasuk | busana di miyos ing puri | ginarbêg wadyanira | praptèng alun-alun | lajêng anitih dipôngga | agêng inggil binusanan sarwa adi | sêmbada solahira ||

47. ginarêbêg wadya kanan kering | tinon kadya Prabu Baladewa | Sultan Pajang wiragane | ginêlak lampahipun | gumarêdêg ngêbêki margi | gunging wadya punggawa | swarane gumuruh | gègèr kang samya kamargan | wong padesan tan na wruh purwanirèki | samana lampahira ||

48. Sultan Pajang apan sampun prapti | Parambanan lajêng masanggrahan | samya atata barise | Senapati duk ngrungu | nulya mêthuk nèng Randhugunting | lawan prajuritira | dhomas baris ngumpul | andungkap suruping surya | Arya Jômba sasmitèng mantri Matawis | nabuh bêndhe Ki Bicak ||

49. Gunungkidul dènira miranti | pan anumpuk kayu duk lan lênga | sapambêdhil antarane | parêng ingobong murub | bêndhe Kyai Bicak tinitir | angangkang munyèng tawang | swara sru angungkung | giris kang samya miyarsa | Sultan Pajang kampitèng tyas amiyarsi | swarane Kyai Bicak ||

50. angandika mring wadyanirèki | dene sora swarane Ki Bicak | lan ing Gunungkidul bae | katingal agni murub | kadya guntur ing awiyati | gurnitaning awiyat | lir akasa rubuh | Dipati Tuban tur sêmbah | dhuh pukulun sampun sumêlang ing galih | amêngsah wong Mataram ||

51. pan kawula inggih dèrèng miris | anadhahi ing sagêndhingira | lan kakang Senapatine | wong tamtama puniku | ulun bêkta magut ing jurit [ju...]

--- 71 ---

[...rit] | sadaya widigdaya | sami têguh timbul | sura sudira prakosa | ing watawis kawula kados kuwawi | nadhahi wong Mataram ||

52. Sultan Pajang angandika aris | dhuh sutèngsun Ki Dipati Tuban | aywa sira age-age | amungsuh kakangamu | sun watara praptèng mongsèki | ya wahyuning karajan | mring kakangirèku | amêngku ing tanah Jawa | sarèhêna pinikir ingkang sayêkti | gampang wong magut ing prang ||

53. kunêng gantya winuwusa malih | Senapati lênggah lan kang rama | Kyai Juru Martanine | Ki Juru ngandika rum | hèh Ki Senapati Matawis | kayaparan karsanya | iku nora wurung | aprang lawan Sultan Pajang | kaya priye lamun kalakona kaki | saiba ucaping lyan ||

54. rêbut praja kalawan sudarmi | nanging iku ing wataraningwang | ramanira sang pamase | pan wus kabanjur bêndu | sabalane arsambêk pati | kang putra aturira | sumôngga pukulun | amba anut ing sakarsa | rèhning sampun kalajêng makatên ugi | paran karsa paduka ||

55. Kyai Juru Martani ngling aris | yèn sêmbada lawan karsanira | sira ngaturana age | iya mring Nyai Kidul | rèhne sira anêmu kardi | kayawan kang kayangan | ing Marapi gunung | ing nguni ubayanira | lamun ana karya kinon angaturi | mangkya sêdhêng turana ||

56. Senapati sandika turnèki | nulya ngadêg tumênga ing tawang | angèstokkên wêwêlinge | ing nguni Nyai Kidul | tan antara maruta midit | bayu bajra prahara | udan awor lesus | pêtêng dhêdhêt alimêngan | ing awiyat gêtêr-patêr manêngkêri | pratôndha jim praptanya ||

57. ana swara lir gêlap sênggani | kang gurnita kadya langit bêngkah |

--- 72 ---

umung ing awiyat rame | giris miris kang ngrungu | tan antara gunung Marapi | nauri sru swaranya | ing kawah gumludhug | udan awu wor prahara | ladhu-ladhu gumalêdhêg watu mili | lèngsèr mring kali Upak ||

58. gègèr wadya ing Pajang angili | kagunturan ladhu miwah sela | ngêbêki pasanggrahane | gugup samya lumayu | agêng alit arêbut dhingin | giris miris sarsaran | katêmpuh ing watu | watu gêng-agêng lir janma | lir amburu marang wong Pajang angungsir | kang panggah kasulayah ||

59. wadya Pajang sadaya angisis | bubar larut mantuk maring Pajang | binongkokan gêgamane | Sultan Pajang gya mundur | wus tinilar wadyanirèki | lajêng marang Têmbayat | mring astana ngujung | kunci binuka tan kêna | kangjêng sultan dadya ngujung saking jawi | sawusira ngandika ||

60. kayaparan kaki juru kunci | lawang gêdhong tan kêna binuka | juru kunci lon ature | inggih paduka prabu | tan pinarêng dening Hyang Widi | kadya tinampik marang | kang sumare ngriku | kadya sung sasmitanira | wahyunira nuring rat pan sampun ngalih | marang nagri Mataram ||

61. Sultan Pajang sandeya ing galih | myarsa juru kunci aturira | Sultan Pajang nulya sare | anèng ing bale kêncur | salamine tan kadya mangkin | sang nata dènnya nendra | nutug nikmatipun | sawungunira anendra | nulya kundur sang nata anitih èsthi | sariranya marlupa ||

62. salin tandhu ingkang dèn titihi | karasa gêrah sariranira | aris arèrèh lampahe | Senapati duk ngrungu | lamun sultan gêrah ing mangkin | gya ngundhangi wadyanya | umiring tumuntur | lawan mantri kawan dasa | ciptanira andhèrèkkên rama aji | karasa

--- 73 ---

wlasing driya ||

63. wadya Pajang sadaya duk uning | Senapati sawadya tut wuntat | samya ngati-ati kabèh | cinipta arsa gêpuk | para mantri matur sang aji | kalamun Senapatya | sabalane nusul | miranti wong kawan dasa | lamun parêng ing karsa paduka aji | pinagut ing ayuda ||

64. Senapati wadyanira kêdhik | lamun wontên dhawuh padukendra | tan ajrih mêthuk yudane | jêng sultan ngandika rum | lamun sira salah pandalih | saking wataraningwang | iku kakangamu | layak tan nêdya mukul prang | wikan lamun manira anandhang sakit | kadya ngatêrkên lampah ||

65. iya lawan wêkas ingsun kaki | marang sira tuwin kadangira | dèn atut pawong mitrane | benjang sapungkur ingsun | kang sayogya gêntèni aji | tan liya kakangira | Senapati iku | marma dèn atut kêkadang | ing samêngko yèn sirarsa nglawan jurit | sun kira tan kawawa ||

66. Adipati Bênawa anangis | amiyarsa andikaning rama | têka karasa driyane | para santana anglut | gumarumung samya anangis | ing marga tan winarna | ing Pajang wus rawuh | Senapati atut wuntat | kandhêg anèng dhusun Mayang sawadyèki | akarya pasanggrahan ||

67. Sultan Pajang pan sampun miyarsi | yèn kang putra kèndêl dhusun Mayang | utusan nimbali age | mêsat ingkang tinuduh | praptèng Mayang sampun apanggih | kalawan Senapatya | andhawuhkên sampun | timbalane sri narendra | Senapati aris dènira mangsuli | duta sira matura ||

68. ngong tan bisa umarêk samangkin | benjang datan susah tinimbalan | manira umarêg age | duta gya pamit mundur | praptèng Pajang matur sang aji | Senapati saurnya | sadaya wus katur | sapungkure dutèng Pajang [Pa...]

--- 74 ---

[...jang] | Senapati manêkung sêmadi êning | tan antara gya prapta ||

69. Juru Taman mêng-amêngannèki | agêngira sagunung anakan | prapta nêmbah nèng ngarsane | aris ing aturipun | paran karsa tuwan nimbali | kalamun wontên karya | adunên prang pupuh | angrêbasèng nagri Pajang | myang liyane kawula inggih nglampahi | ing sakarsa paduka ||

70. Senapati angandika aris | Juru Taman sira sun tarima | ing prasêtyanira mangke | ingsun tan darbe kayun | iya paran karêpirèki | Juru Taman gya mêsat | musna saking ngayun | manjing jro kadhaton Pajang | sri narendra samana lagya aguling | binithi jajanira ||

71. sangêt kantaka sri narapati | garwa putra sadaya karuna | tan ana wikan purwane | dangu antaranipun | sri narendra nulya anglilir | saya sangêt gêrahnya | otêr jro kadhatun | gêng alit susah ing driya | Senapati gya kundur marang Matawis | sawadyabalanira ||

72. dhinawuhan ngupaya têlasih | kinèn numpuk ing kori Nglawiyan | samya sandika ature | wong Pajang samya ngungun | wong Mataram solahirèki | Adipati Bênawa | umatur sang prabu | dhuh rama putra paduka | Senapati ngumpulkên sêkar talasih | sawadyabalanira ||

73. dhinawuhan kinèn tuku sami | sêkar têlasih prapta pikulan | anèng Nglawiyan jujuge | sang nata ngandika rum | iya iku kakangirèki | saking gumatinira | marang awak ingsun | iku pratôndha sihira | Senapati kaya wus waspadèng galih | yèn ingsun mèh pralaya ||

74. tan winarna rêroncènirèki | Sultan Pajang praptèng têkdirira | wanci pukul gangsal sore | mapan dira sang prabu | para garwa putra nangisi | gumuruh jro kadhatyan | kang anangis barung | otêr [o...]

--- 75 ---

[...têr] wadyabala Pajang | agêng alit samya karuna mlasasih | dahat sih mring gustinya ||

75. Adipati Bênawa tyas kingkin | sigra nuduh wadya mring Mataram | atur uninga sedane | kang rama sang aprabu | marang raka Sang Senapati | mêsat ingkang dinuta | ing Mataram rawuh | Senapati ing Ngalaga | duk miyarsa kalangkung ngungun ing galih | katon sihe kang rama ||

76. Senapati sigra mangkat aglis | marang Pajang tan ngêntèni wadya | anitih kuda lampahe | ing Pajang sampun rawuh | lajêng manjing marang jro puri | layone ingkang rama | sinungkêman gupuh | waspanya drês marawayan | sawusira antara layonira ji | anulya binarsihan ||

77. para putra ingkang anucèni | paripurna pan lajêng pinêtak | anèng ing Butuh layone | wadya Pajang sadarum | agêng alit jalu lan èstri | andhèrèk mring astana | urmat gustinipun | ing solah datan winarna | sawusira ingkang dhèrèk samya mulih | samana nagri Pajang ||

78. Jêng Suhunan Kudus pan siniwi | para putra santana ing Pajang | Sunan Kudus lon dêlinge | mring para punggawa gung | sapa yoga ingkang gêntèni | amêngku nagri Pajang | pra punggawa matur | lamun sêmbada ing karsa | putra tuwan Dipati Bênawa mangkin | wajib putra sajuga ||

79. Sunan Kudus angandika aris | iya bênêr nanging tan sêmbada | Adipati Bênawane | iya prayoganipun | ki dipati ing Dêmak nagri | yaiku ingkang tuwa | pantês dadi ratu | amêngku nagara Pajang | Ki Dipati Bênawa pantês mêngkoni | iya nagari Jipang ||

80. Kyai Juru Martani duk myarsi | ingkang putra jinawil wêntisnya | payo kulup kundur age | iya marang Matarum | anèng kene datanpa kardi | yèn mangkono karsanya | Jêng Susunan Kudus |

--- 76 ---

aywa milu amicara | sakarsane dènnya mranata nagari | wus dadya karsanira ||

81. Kyai Juru gya kundur tan pamit | lan kang putra wus praptèng Mataram | dipati ing Dêmak mangke | ingèstrèn adêgipun | anèng Pajang jumênêng aji | Adipati Banawa | wus pinaring lungguh | anèng nagari ing Jipang | wadya Pajang saduman ingkang umiring | kang pinundhut rong duman ||

82. tulus anèng ing Pajang nagari | wadyanira ingkang saking Dêmak | samya jinunjung lungguhe | mantri miwah tumênggung | pinapantês ganjarannèki | nanging wadya ing Pajang | suda sungkêmipun | tan kadya gustine lama | mung wadyane kang saking Dêmak nagari | suka mukti wibawa ||

83. wadya Pajang gêng alit rudatin | dènnya sami pinotong sawahnya | datan arja pamujine | marang ing gustinipun | dadya kathah durjana maling | siyang dalu tan kêndhat | kampak miwah kècu | tintrim wong Pajang sadaya | giris miris kèh ngalih saking nagari | darajat nagri rusak ||

84. pra bupati tumêkèng pakathik | samya susah dening ratunira | mangkya salin parentahe | sadaya rêmbagipun | arsa marang Mataram nagri | suwitèng Senapatya | wus rêmpêg sabyantu | nulya nglampahakên duta | mring Mataram rikatan lampahirèki | prapta nagri Mataram ||

85. punang duta laju marêg maring | Senapati duta matur nêmbah | kawula dinuta mangke | mring Pangalasansèwu | tur uninga lamun ing mangkin | wadya Pajang sadaya | risak manahipun | lamun sêmbada ing karsa | yun suwita mring paduka sadayèki | pêjah gêsang sumôngga ||

86. datan sagêd asalina gusti | Senapati aris angandika | iya sun tarima kabèh | prasêtyanira iku | para mantri sèwu mring mami |

--- 77 ---

nanging manira mangkya | durung darbe kayun | angrêbuta nagri Pajang | wikan lamun ing têmbe karsaning Widhi | yèn aparing nugraha ||

87. kunêng gantya kang winuwus malih | ingkang wontên nagari ing Jipang | Adipati Bênawane | sungkawèng tyas kalangkung | lami tilar dhahar myang guling | adipati samana | sêmadi manêkung | anêgês karsaning Suksma | ingkang raka Senapati ing Matawis | pinintakkên nugraha ||

88. dening Suksma jumênênga aji | anèng Pajang dadya gêntinira | ing rama kang wus sumare | katrima pujinipun | ya ta ana swara kapyarsi | pan iku karsanira | ing sarananipun | wi lêgi iku aturna | mring rakanta Senapati ing Matawis | mrih enggale kalakyan ||

89. sang dipati têrang pamyarsèki | gya utusan mantri mring Mataram | angaturkên wi lêgine | sandika kang ingutus | gêgancangan lampahirèki | prapta nagri Mataram | caraka wus pangguh | lan Senapati Ngalaga | sampun katur sawêlinge ingkang rayi | Adipati Bênawa ||

90. Senapati angandika aris | iya bangêt panarimaningwang | ariningsun prasêtyane | sih marmane maring sun | nanging mêngko sarira mami | kumambang karsèng Suksma | nora darbe kayun | amung ganjaraning sultan | kang wus swargi ya nagri Mataram iki | kang wus parênging Suksma ||

91. umatura mring gustinirèki | iya amung iku wêkas ingwang | duta manêmbah gya lèngsèr | rikatan lampahipun | praptèng Jipang matur ing gusti | sawêlinge kang raka | sadaya wus katur | sang dipati sru ngandika | hèh caraka balia marang Matawis | umatura kakang mas ||

92. parêng datan parênga samangkin | sun aturi angrêbut nagara | ing Pajang aywa kasuwèn | nuli mangkata gupuh [gu...]

--- 78 ---

[...puh] | kang tinuduh mêsat tumuli | sandêran lampahira | ing Mataram rawuh | wus panggih lan Senapatya | punang duta manêmbah umatur aris | dhuh gusti lampah amba ||

93. pan dinuta ing rayinta nênggih | Sang Dipati Bênawa karsanya | kêdah anuwun samangke | Senapati lingnya rum | kayaparan karsanirèki | Adipati Bênawa | têka drêng kasusu | yèn mangkono ariningwang | aturana marang Mataram samangkin | sun arsa kapanggiha ||

94. punang duta manêmbah nulya mit | laju mantuk marang nagri Jipang | tan winarna ing margane | wus prapta nagrinipun | sampun katur rèhnya tinuding | Adipati Bênawa | sukèng tyas gya dhawuh | angundhangi wadyanira | karsanira ayun amangkat tumuli | marang nagri Mataram ||

95. tan winarna rêroncènirèki | sang dipati enjang abudhalan | ginarbêg wadyabalane | mijil ing ardi Kidul | gumarêdêg lampahirèki | Senapati miyarsa | ari bidhalipun | gya mêthukkên sawadyanya | wong Mataram sanega kaprabon jurit | nèng Wêru têmpukira ||

96. Senapati Ngalaga wus panggih | lan kang rayi Pangeran Bênawa | tundhuk rêrangkulan age | rêrêp makuwon sampun | anèng Wêru apacak baris | samana wadya Pajang | wus sami angrungu | lamun Dipati Bênawa | lan kang raka Senapati ing Matawis | arsa mukul ing Pajang ||

97. wadyabala ing Pajang gêng alit | rêmbak sami balik mring Mataram | anulya budhalan age | gumrêdêg lampahipun | samya sikêp kaprabon jurit | wong sèwu winatara | anjujug ing Wêru | laju marêk ngarsanira | Sang Dipati Bênawa myang Senapati | kagyat sarwi têtanya ||

98. paran karsanira para mantri | dene samya marang pasanggrahan [pasanggraha...]

--- 79 ---

[...n] | apa dinuta sang rajèng | amukul wadyaningsun | mantri Pajang nêmbah turnya ris | dhuh gusti tan mangkana | ing lampah pukulun | dupi myarsa yèn paduka | pacak baris arsa mukul ing ajurit | marang nagari Pajang ||

99. wadyabala ing Pajang kang lami | pan sadaya tan eca tyasira | dening nata parentahe | niaya mring wadya gung | pan sadaya sêdya ambalik | andhèrèk mring paduka | nadyan lêbur tumpur | anglabuhi karsa tuwan | datan ajrih amba ingabên ajurit | lawan wadya ing Dêmak ||

100. Senapati angandika aris | iya bangêt panarimaningwang | ing prasêtyanira kabèh | ya marang awak ingsun | pirabara benjing ing wuri | lamun nêmu raharja | gêng pamalês ingsun | sigra angundhangi wadya | Senapati karsa budhal benjing enjing | sadaya wus mirantya ||

101. tan winarna rêruncènirèki | sarêng enjang têngara budhalan | gumarêdêg sri lampahe | abra busananipun | lir panjrahing kang sari-sari | wadya dharat salêksa | sikêp waosipun | nêm èwu wahana kuda | samya sikêp pêdhang tamèng lawan bêdhil | kabèh wong pêpilihan ||

102. rikat lampahira sampun prapti | nagri Pajang pan lajêng kinêpang | têpung wadya Matarame | Dipati Jipang matur | mring kang raka Sang Senapati | yèn sêmbada ing karsa | tumuntên ginêpuk | pintên kuwate wong Dêmak | ngong tan ajrih lan kang jumênêng narpati | atandhinga ing yuda ||

103. Senapati angandika aris | sabarêna yayi karsanira | aywa sira age-age | anggêpuk kuthanipun | karya susah tyase wong cilik | emanên rusakira | nagaranirèku |

--- 80 ---

lah yayi sira kèria | anèng jaba manira ingkang nglêboni | pasrahna ing Hyang Suksma ||

104. Senapati Ngalaga gya nitih | turangganya aran bratayuda | gêng inggil dragêm wulune | binusanan bra murub | nandêr nongklang lampahirèki | laju manjing jro kutha | gègèr kang tinêmpuh | wong Kudus lawan wong Dêmak | kang nanggulang pangamuke Senapati | binendrong ing sanjata ||

105. myang sinosog ing tumbak myang kêris | datan pasah kadya panjang putra | tinanduk ngalang-alange | malèsèd datan kiwul | wadya Dêmak mundur angisis | singa katrajang buyar | ngungsi mring kadhatun | umatur ing gustinira | dhuh pukulun Senapati ing Matawis | ngamuk ngrabasèng pura ||

106. pan rinampog ing tumbak lan bêdhil | tan tumama têguh lan kudanya | gêgirisi pangamuke | sang nata ngandika sru | yèn mangkono payo tumuli | garubuhên kewala | kabèh wadyaningsun | wong siji anggôndra pira | kang liningan sandika mangsah tumuli | gumrêdêg tanpa wilang ||

107. kèhing wadya sikêp tumbak bêdhil | gumalêdhêg lir samodra bêna | rame gumuruh swarane | samya sarêng anêmpuh | Senapati Ngalaga mèksi | tan miris manahira | suka kinarubut | Senapati ing Ngalaga | gya manêkung maladi sêmadi êning | anyipta garwanira ||

108. Nyai Kidul tan antara prapti | anèng tawang ngirid wadyanira | jim pêri parayangane | rame surak gumuruh | swarèng wiyat amanêngkêri | lir gêlap abarungan | pêtêng gumaludhug | giris miris kang miyarsa | lesus mêsês awor udan riwis-riwis | wor swaraning sênjata ||

109. wadya Pajang bingung tyasirèki | Senapati gya ngamuk manêngah | rusak kang tinêrak gègèr | larut tan ana kiwul |

--- 81 ---

kadya banthèng atawan kanin | Senapati solahnya | wong Dêmak kèh lampus | tan ana môngga puliha | bubar larut prasamya atutup kori | Senapati Ngalaga ||

110. pan angungsir asru minta kori | datan ana wani mênganana | kori tinêtêgan age | ingkang tunggu lumayu | amung Kyai Gêdhong kang kari | anèng jroning wiwara | pribadi agupuh | ngadêg mêngakakên lawang | Senapati Ngalaga nulya umanjing | prapta jro kori nulya ||

111. Kyai Gêdhong gupuh atur bêkti | amangrêpa aris aturira | adhuh gusti kawulane | pêjah gêsang tumuntur | mring adhahan paduka mangkin | lêbura wor ing kisma | tanggorna ing mungsuh | Senapati angandika | sun tarima prasêtyanira mring mami | kang muga tinulusna ||

112. Kyai Gêdhong gya ngamuk dhingini | anarajang para mantri Pajang | lir singa lodra tandange | kinaroyok rinêbut | ingurugan tumbak lan bêdhil | Ki Gêdhong pangamuknya | gung nolih ing pungkur | datan ajrih ing palastra | panolèhe sandeya mring Senapati | dene mungsuhe kathah ||

113. Senapati angandika aris | hèh Ki Gêdhong ywa mêlang tyasira | dene têka nolèh bae | yèn sira praptèng lampus | anak putunira ing benjing | yèn tulus jênêng ingwang | ing saturun ingsun | kalawan saturunira | aywa pisah ya padha milua mukti | anèng nagri Mataram ||

114. Kyai Gêdhong andhêku turnya ris | pan kawula tan ajrih ing pêjah | anglampahi ayahane | paduka gustiningsun | naming manah kawula ugi | sumêlang mring paduka | dene mungsuh agung | Senapati angandika | dèn pracaya pati urip kang darbèni | tan lyan Kang Maha Mulya ||

115. wadya Pajang [Pa...]

--- 82 ---

[...jang] Dêmak amangungkih | Kyai Gêdhong pinurih pisaha | kalawan Senapatine | marmanya kinarubut | nanging Kyai Gêdhong tan wigih | binarêg kering kanan | pangamuke liwung | wong ing Dêmak kathah pêjah | myang wong Kudus ingamuk Sang Senapati | bangke sungsun atumpang ||

116. Kyai Gêdhong rinoban pêpati | kasayahên ing pangamukira | wus kapisah lan gustine | rinampog ngarsa pungkur | kinarocok ing tumbak bêdhil | rêmpu sariranira | Ki Gêdhong wus lampus | ingilês wadya ing Dêmak | Kyai Gêdhong kulite tan ana busik | nanging rêmuk jronira ||

117. Senapati sarêng aningali | yèn mitranya Ki Gêdhong palastra | ambêkuh sangêt wêlase | dhuh babo mitraningsun | dene durung ngrasakkên mukti | têka banjur palastra | muga awak ingsun | binisakna malês ingwang | iya marang turune Ki Gêdhong benjing | ya ta Sang Senapatya ||

118. langkung duka gya nitih turanggi | ngamuk nêngah anarajang mêngsah | praptèng gyan kèndêl kudane | Senapati manêkung | amaladi sêmadi êning | anêgês karsaning Hyang | kang murwèng pandulu | anungkêmi kêpuhira | tan antara antuk sasmitaning Widhi | sigra mangsah manêngah ||

119. ngiwa nêngên dènira mêmati | wadya Kudus Pajang tuwin Dêmak | giris kang katrajang gègèr | kang panggah kabarubuh | akèh mati kang nandhang kanin | tarung lan rowangira | bingung samya riwut | tumbak-tinumbak lan rowang | lir kinarya dènira Hyang Maha Luwih | solahe wadya Pajang ||

120. Kyai Juru anyêlaki aglis | Senapati adhuh putraningwang | awungua dipun age | aywa pijêr angantuk | anèng Kêpuh lali yèn jurit | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | umatur marang kang rama | botên nendra [ne...]

--- 83 ---

[...ndra] kawula nênêdhèng Widhi | mrih ungguling ayuda ||

121. Kyai Juru Amartani angling | wadya Pajang ing Kudus myang Dêmak | wus samya lumayu kabèh | payo padha angêsuk | iya marang sajroning puri | ingkang darbe nagara | wus kesisan wadu | angungsi jroning kadhatyan | gampang lamun atandhing padha sawiji | lawan Dipati Dêmak ||

122. Senapati gya têdhak sing wajik | asta kanan angasta lawungnya | kering kêndhali kudane | kandhêg ing sitiluhur | Kyai Juru Martani angling | aywa sira tumêdhak | sing kudanirèku | payo nitiha kewala | ywa sumêlang payo laju maring puri | kang putra nut ing karsa ||

123. ya ta laju lampahira prapti | wijil pisan jumênêng ing lawang | para garwa mapan kabèh | pra putra-putrinipun | sang dipati ing Dêmak sami | sadaya atur sêmbah | anungkêmi suku | mring Senapati Ngalaga | para putri samya atur pati urip | Senapati ngandika ||

124. ratunira mangkya ana ngêndi | dene nora amêthuk ing yuda | pra putri karuna ture | rayi tuwan pukulun | angaturkên lêpatirèki | mugi dèn apuntêna | ing sadosanipun | mangkya nagari ing Pajang | saisine katura paduka gusti | tan rumaos darbea ||

125. Senapati angandika aris | pan manira iya nora nêdya | angrusak ing Pajang mangke | lamun garwanirèku | wus anungkul marang ing mami | yèn tuhu ujarira | cêkêlên dèn gupuh | bandanên aturna mringwang | pratandhane lamun wus kasor lan mami | lah nuli lêkasana ||

126. yèn tan mangkono tan wurung pasthi | garwanira kagêm ngastaningwang | yèn nurut bandanên age | lan rowangmu para rum | para putri èmêng ing galih | nulya samya lumampah | garwa putranipun [putra...]

--- 84 ---

[...nipun] | tumandang nyêpêng kang rama | tan sawala gya binêkta mring ngarsaning | Senapati Ngalaga ||

127. sang dipati manêmbah tur bêkti | para garwa putra nèng wurinya | Senapati lon dêlinge | lah iya wruhanamu | dudu sira ingkang darbèni | jumênêng anèng Pajang | wajib putra jalu | iya Dipati Bênawa | ingkang yogya anggêntèni sri narpati | sira wus darbe praja ||

128. iya bumi ing Dêmak puniki | ingkang yogya dadya warisira | lah mentara dipun age | wong Mataram puniku | angatêrna lakunirèki | lah wong singanagara | lan wong martalulut | umiringa marang Dêmak | gêntènana tan sêmbada wong pawèstri | anyêkêli bêbandan ||

129. kang liningan sandika turnèki | wênèh matur gusti yèn sêmbada | sae pinêjahan age | sang dipati puniku | Senapati ngandika aris | pan dudu karsaningwang | aran wus anungkul | nistha jênênging satriya | payo nuli umangkata dipun aglis | sandika nulya budhal ||

130. kunêng gantya warnanên ing jawi | Sang Dipati Bênawa sawadya | agung amangun sukane | lawan sawadyanipun | mangan nginum myang bêksa rangin | tamèng towok aramya | kèh kang samya wuru | anutug sukaning driya | sang dipati umiyat lênggah ing kursi | ingayap wadyanira ||

131. Senapati Ngalaga gya mijil | sarwi bêkta kakapaning kuda | pun gêthayu kêkasihe | kêndhali macanguguh | kang pinundhut mring Senapati | gôngsa sêkardalima | wasiyat kaprabun | sadaya pusakèng praja | wus pinundhut marang sira Senapati | binêktèng pagêlaran ||

132. Senapati sinibèng pra mantri | wadyabala ing Pajang Mataram | konjêm ing siti mukane | prapta ing alunKurang dua suku kata: prapta ing alun-alun | lir trunaning samodra kèksi | Senapati Ngalaga | cahyanya [cah...]

--- 85 ---

[...yanya] sumunu | kadya banguning sasôngka | tôndha wus antuk wahyuning narpatiKurang satu suku kata: tôndha wus antuk wahyuning narapati | tejanira sumunar ||

133. Adipati Bênawa turnya ris | kakang Senapati ing Ngalaga | tuwan jumênênga rajèng | anèng Pajang praja gung | siniwia punggawa mantri | paduka kang sayogya | dene putra sêpuh | sampun sandeya mring amba | ulun trimah anèng ing jawi nagari | paduka jumênênga ||

134. Senapati angandika aris | tan mangkono yayi karsaningwang | sira jumênênga age | nèng nagri Pajang iku | sira ingkang darbèni waris | dene yayi manira | winaris Matarum | wasiyat paringing sultan | ingsun ajrih yèn angêlirna wêwêling | ramanta kang wus swarga ||

135. ingsun ingkang anèng ing Matawis | sira yayi muktia nèng Pajang | payo umadêga age | ywa sumêlang ing kalbu | ingsun yayi ingkang ngèstrèni | Adipati Bênawa | aris aturipun | pan inggih dhatêng sandika | lamun saking karsa paduka sayêkti | kawula tan sawala ||

136. saisine ing Pajang nagari | rajabrana katura paduka | Senapati lon dêlinge | bangêt tarimaningsun | sih prasêtyanira mring mami | ya maring kadang tuwa | nanging karsaningsun | arta bêrana ing Pajang | ya karyanên ambangun prajanirèki | aywa kongsi kuciwa ||

137. myang prabote wadyanira sami | dèn miranti waos myang sanjata | iku môngka busanane | akathah wulangipun | Senapati marang kang rayi | ngèlmu pratikêlira | wong umadêg ratu | sampun katampan sadaya | ingkang rayi langkung panuwunirèki | Sang Dipati Bênawa ||

138. nêmbah matur mring kang raka aris | yèn pinarêng ing karsa paduka | pan sadaya pusakane | rama tuwan sadarum | pan kawula sumonggèng kapti | bêktanên mring Mataram |

--- 86 ---

wajib putra sêpuh | ingkang andum wêwarisan | pan kawula datan rumaos darbèni | sumôngga ing sakarsa ||

139. Senapati ing Ngalaga angling | iya bangêt tarima manira | sihira maring sun mangke | tan ana bedanipun | anèng Pajang lan ing Matawis | aywa supe wêlingiraLebih satu suku kata: ywa supe wêlingira | swargi rama prabu | maring sun miwah mring sira | ingkang muga-muga tinulusna yayi | dènnya tut akêkadang ||

140. rèhning mangkya wus samya basuki | sira karia mukti wibawa | sun mulih mring Matarame | padha andum rahayu | aywa ana sangsayèng galih | Adipati Bênawa | rêndhêt aturipun | lam-lamên yèn tinilara | mring kang raka aturira èsmu tangis | sarwi angaras pada ||

141. tan winarna rêruncènirèki | Senapati enjang abudhalan | ginarbêg wadyabalane | ing marga tan winuwus | sapraptane nagri Matawis | Senapati Ngalaga | gya jumênêng ratu | anèng nagari Mataram | para putra santana wadya prasami | pan kinulawisudha ||

142. pinapantês lungguh myang wastèki | tan salaya agêng alitira | apan ta Rahadèn Tamèng | nama Pangran Tumênggung | Gagakbaning de Radèn Santri | sinung aran Pangeran | Singasêkar mungguh | sêmbada bagus warnanya | Radèn Jambu wasta Pangran Mangkubumi | rong èwu lungguhira ||

143. pan sadaya wus wibawa mukti | putranira wau sri narendra | wus sami jinunjung linggèh | putra ingkang pambayun | nama Pangran Tumênggung nênggih | dene ta arinira | Pangran Pugêr iku | nulya Pangeran Purbaya | arinira malih sinungan kêkasih | Pangeran Jagaraga ||

144. nuntên arinya jinunjung linggih | sinung aran Pangeran Juminah | putra saking padêmine | badhe gêntyani ratu | Panêmbahan Karapyak nami | anulya arinira | sinungan [sinunga...]

--- 87 ---

[...n] jêjuluk | Jêng Pangeran Pringgalaya | arinira pawèstri apan kêkalih | pan sampun sami krama ||

145. antuk Pangran Dêmang Tanpanangkil | kang sawiji Pangran Têpasana | nagri Mataram samangke | kalangkung arjanipun | murah sandhang kalawan bukti | kunêng nagri Mataram | gantya kang winuwus | Sang Adipati Bênawa | kang umadêg nata anèng Pajang nagri | sawarsa laminira ||

146. nandhang gêrah sarira ngranuhi | gya utusan ngaturi uninga | marang nagri Matarame | Senapati duk ngrungu | nulya têdhak mring Pajang aglis | rikatan lampahira | ing Pajang wus rawuh | ing alun-alun wus prapta | Sultan Pajang samana sampun ngêmasi | tangis umyang gumêrah ||

147. Senapati gugup duk miyarsi | laju manjing sajroning puraya | datan mêningi mapade | langkung ngungun ing kalbu | Senapati waspanya mijil | ketang trêsna mring kadang | dènnya durung tutug | dènnya jumênêng narendra | tan winarna samana layonirèki | sampun pinaripurna ||

148. sawusira pinêtak tumuli | langkung dene gêng urmatanira | sri narendra Matarame | samana dèrèng kundur | sawusira ing pitung ari | arinya kang wus seda | pan jinunjung lungguh | Sang Gagakbaning samana | pan ingangkat amêngku Pajang nagari | tan pae lan kang raka ||

149. kutha Pajang winangun pasagi | myang sagunging rarêngganing pura | samya sinalin wangune | sadayanya pinatut | wus raharja antuk sawarsi | dènnya madêg nèng Pajang | gêrah nulya surud | Pangeran Tumênggung seda | tan winarna laminira dènnya lalis | pinêtak nèng Mataram ||

150. nèng dagane Ki Ageng Matawis | kilèn masjid agêng prênahira | rinarêngga astanane | ing solah tan winuwus | Pangran Pajang ingkang gêntyani | mêngku nagari Pajang | tulus arjanipun |

--- 88 ---

ayêm tyase wadyabala | kunêng Pajang gantya winuwusa malih | ing nagari Mataram ||

--- [0] ---

[...]

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---